Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kulapratama, Marta Arjana, 1912, #988

Katalog:Kulapratama, Marta Arjana, 1912, #988
Sambung:-

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voot de Volkslectuur No. 54

--- 0 ---

Sêrat Kulapratama

Karanganipun Radèn Martaharjono ing Surakarta

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Pirmah Papirus, Bêtawi 1912.

--- 3 ---

Punika sêrat pêpèngêtan nyariyosakên lêlampahanipun Radèn Sutawijaya, marêngi nalika jaman karaton Jawi ing Kartasura, mênggah ingkang dados bêbukaning cariyos kados ing ngandhap punika.

Wiyosipun, mênggah ingkang winastan Radèn Sutawijaya punika kalêrês putranipun Radèn Tumênggung Prawirasuta, priyantun Bupati Kalang (undhagi) ing nagari Kartasura. Radèn Sutawijaya wau wiwit alit pangugungipun rama ibu sangêt, awit putra namung satunggal, pangèsthining panggalihipun ingkang rama, ing têmbe ginadhang-gadhang anggêntosi dhatêng kalênggahanipun. Dhasar Radèn Tumênggung Prawirasuta wau sêsamining para Bupati ing Kartasura kawical linangkung piyambak ing kasugihanipun, mila pangugungipun dhatêng putra botên kuciwa.

--- 4 ---

Kala samantên ingkang jumênêng nata anuju Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2. Jaman punika nyarêngi lêlampahanipun sadhèrèk dalêm Ingkang Sinuhun kaprênah raka, asma Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Kartasura kasingkirakên dhatêng papan pambucalan (Batawi) botên gadhah dosa dhatêng nagari, namung ginalih makèwêdi jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun wau, pambucalipun Pangeran Adipati Arya Mangkunagara wau saking pangreka alus, binujuk sinagahan putranipun ingkang nama Radèn Mas Said badhe lajêng kagêntosakên kalênggahanipun, sarta pinaringan têtêp lênggah dhahar siti cacah 4000 karya, mila Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara miturut kemawon.

Kacariyos Radèn Mas Said akalihan Radèn Sutawijaya wiwit kala taksih sami lare ngantos dumugi diwasa botên ginggang supêkêtipun, dhasaring pambêgan condhong, kaot umur sataun sêpuh Radèn Mas Said. Radèn Sutawijaya sarêng umur 14 taun tinilar ing rama ibu, sanalika wau sangêt ing susahipun [susahi...]

--- 5 ---

[...pun] ananging wantuning manah lare sakêdhap lajêng enggal lipur, awit katuwuhan pangajêng-ajêng anggêntosi kalênggahaning rama, wêkasan lêpat pangajêng-ajêngipun. Makatên ugi Radèn Mas Said inggih nyênyadhang lumunturing sihipun Ingkang Sinuhun, karsaa tumuntên nêtêpakên kalênggahaning ramanipun. Ingkang Sinuhun cidra, Radèn Mas Said botên kaparingan pangkat pangeran gumantos ingkang rama, ananging amung kaganjar pangkat Mantri Anom kemawon, dipun paringi nama sêpuh Radèn Mas Suryakusuma.

Kala samantên ing karaton Kartasura pangadilanipun sangêt risak, botên nêtêpi wiradat kina, kathah para anaking priyantun bupati mangandhap botên sagêd anggêntosi kalênggahaning bapa, mila kathah para anaking prayantun sami luru bandara kesah saking panggenan wutah rahipun. Ingkang taksih sami suwita ing ratu, manahipun botên têtêp. Waktu punika Radèn Sutawijaya botên sagêd anggêntosi kalênggahaning rama, andadosakên sangêting rudatos, sarèhning Radèn Sutawijaya wau rumaos sugih rajabrana têtilaranipun ingkang

--- 6 ---

rama, dados sagêd damêl pakêmpalan para mudha anaking priyantun ingkang nunggil kasêrikan kados piyambakipun. Ginêming para anèm, dangu-dangu nuwuhakên kakêndêlaning manah, sumêdya ajak-ajakan damêl rêrêsah ing nagari. Radèn Sutawijaya nampi rêmbagipun para mitra kathah badhe damêl rêrêsah wau, sanalika kèlu, ananging sarêng sanès dintên, manahipun santun. Santuning manahipun wau, awit ginagas-gagas kêraos salêbêting batos, bilih badhe lêpat kadadosanipun. Radèn Sutawijaya rumaos tiyang alit, môngka badhe purun ngucêmakên kaluhuraning ratu miwah sumêdya ngrisak drajating karaton, sanadyan dipun sagêdana kados punapa miwah dipun bandhanana ingkang sakalangkung kathah pisan, tamtu tanpa guna. Kêjawi saking makatên, ciptanipun Radèn Sutawijaya rêmên dados priyantun, ing môngka badhe ngangge tekad awon, sampun tamtu sulaya lahir batosipun. Mila Radèn Sutawijaya tansah bingung panganggêpipun piyambak. Yèn ngraosakên sêriking manah, kados badhe nuruti tekadipun ingkang awon [a...]

--- 7 ---

[...won] wau, nanging manawi èngêt kapriyantunanipun, lajêng mupus narimah ing pêpêsthèn. Dangu-dangu Radèn Sutawijaya angsal pamanggih ingkang langkung prayogi, lajêng manggihi Radèn Mas Suryakusuma, inggih punika Radèn Mas Said. Malèhakên sêdyanipun, aturipun:

Bandara, sarèhning sampun têtela Ingkang Sinuhun anyidrani jangji, botên têtêp pangandikanipun, sumôngga sami ngraman kemawon. Mênggah khukuming ratu, manawi sampun anyidrani ing dasih, badhe gêmpal darajatipun. Panyawang kawula Panjênêngan Dalêm kados botên kenging kasilêp, tamtu sagêd dados sêsêkaring nagari. Kawula sanggêm dados têtumbal, bêgja cilaka kawula lampahi, Panjênêngan Dalêm bêgja, kawula tumut bêgja, dene Panjênêngan Dalêm cilaka kawula botên kantun, sampun ingkang sakit bandara, botêna kawula lilakakên badan kawula, bok inggih dumugi ing pêjah pisan badhe botên kawula unduri.

Radèn Mas Suryakusuma nampi aturipun Radèn Sutawijaya ingkang makatên wau, sangêt awrat panggalihipun,

--- 8 ---

awit rumaos kêcomprangan bôndha, dhawuhipun makatên:

Kapriye Sutawijaya, bisane kalakon karêpmu, wong ngraman iku ora kêna dibandhani wani bae, kudu akèh ragade. Môngka kowe sumurup yèn aku ora duwe ragad. Kaping pindhone kang padha wani labuh pati sapa wong-wongane.

Aturipun Radèn Sutawijaya: Kawula botên manah kados Panjênêngan Dalêm makatên, ingkang kawula wawas namung khukum mênggahing Allah, manawi pancèn tinakdir pinarêng bêgja sadaya wau inggih badhe kasêmbadan.

Dhawuhipun Radèn Mas Suryakusuma: Iya bênêr karêpmu, nanging saupama dak turuta, kapriye pratikêlmu.

Radèn Sutawijaya umatur: Bandara, prakawis ragad, inggih sagadhah-gadhahan kawula sadaya, kawula sumanggakakên minôngka ragad, wondene abdi ingkang sumêdya labuh sarira dalêm, kawula sampun gadhah mitra ingkang sami nunggil sêdya.

Kala samantên Radèn Mas Suryakusuma kabêgta sêriking panggalihipun [pangga...]

--- 9 ---

[...lihipun] dhatêng Ingkang Sinuhun sangsaya nuwuhakên santosaning cipta, anggènipun karsa ambalela, mila kapêksa nilar ingkang ibu wotên salêbêting kadhaton, jêngkar saking nagari Kartasura, marêngi dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 3, wulan Rabingulawal, taun Jimakir, windu Sêngara, sinêngkalan: Ngrasa Rêtu Ngoyak Jagad, ôngka 1666. Bidhal saking nagari wanci têngah dalu, kadhèrèkakên abdi êmban satunggal nama Kudanawarsa. Radèn Sutawijaya ambêkta anaking priyantun ing Kartasura, sadaya tiyang 18 iji, inggih punika ingkang sami sêrik manahipun. Ingkang dipun jujug dhusun Mantênan tanah Nglaroh, lajêng sami tata-tata adamêl pakuwon. sawatawis dintên malih kasusul abdi 4 iji, dados gunggung abdi bêktan saking Kartasura cacah tiyang 24 iji. Salêbêtipun Radèn Mas Surya Kusuma wontên ing dhusun Mantênan saabdinipun, dandos-dandos pamondhokan, rinakit pindha dhatulaya. Sarêng marêngi wiyosanipun ing dintên Akad Lêgi, Radèn Mas Suryakusuma karsa jumênêng pangeran, kasêbut nama Kangjêng Pangeran Arya

--- 10 ---

Prabu Prangwadana, para abdi bêbêktan saking Kartasura kanamakakên punggawa, saha sampun pinatah-patah ing pakaryanipun piyambak-piyambak. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana ngandika:

He, Sutawijaya, jênêngira jaya ingsun pundhut, sun anggo wiwitane jênênge abdiningsun gawan saka Kartasura kabèh, ngiras pamuji muga unggula ing jurit ingsun. Dene sira ingsun wisudha dadi Lurah Punggawa, môngka kamituwane batur ingsun kabèh, pangrèhe sun pasrahake ing sira, karodene sira ingsun paringi jênêng sasêbutan, aran Kiyai Ngabèi Rôngga Panambangan, dadia pêpèngêt marang lêlakone anak putu ing têmbe, mulane mangkono, dene sira wus kaduga ngêntèkake rajabrananira kanggo nambangi sariraningsun.

Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana wontên ing dhusun Mantênan tanah Nglaroh, ingkang kaangge pêpanci dhaharipun, ngandhêgi paos ing dhusun Ngutêr saurutipun lèpèn bangawan sadaya. Dene minôngka têdhanipun para abdi sadaya, sami kadhawuhan ngupadosi piyambak-piyambak. [piyambak-piyamba...]

--- 11 ---

[...k.] Sangsaya lami sangsaya tambah matambah para abdinipun.

Kacariyos Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, sabên dintên pakaryanipun watangan kalihan para abdi, sinau ajar ulahing paprangan, adamêl karameyan sabên pitung dintên sapisan, supados adamêl kabungahanipun tiyang alit. Karameyanipun wau kados ta: tayuban, ringgitan, topengan, jêmblungan. Gêntos-gêntos têtingalan ingkang kaangge ambêbingah manahing wadya. Kala samantên anuju dintên wiyosanipun Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, dintên malêm Akad Lêgi, karsa damêl karameyan nanggap ringgit cucal, para têtiyang alit jalêr èstri sami kathah ingkang ningali. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana sampun adatipun bilih para abdi sami kadhawuhan bingah-bingah, sarira dalêm botên ngatingal. Ingkang makatên wau saking gênging kaprayitnanipun. Satunggaling waktu punika, Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana mêntas saking nganglang sajawining rangkah, lumêbêtipun dhatêng dalêm pamondhokan sampun wanci sawung

--- 12 ---

kaluruk, kathah para lare èstri ingkang sami ningali ringgit, wontên ingkang taksih mêlèk, wontên ingkang sampun tilêm, wataking lare dhusun ningali ringgit, manawi sampun ambaliyut, botên pêrnah sadhawah-dhawahing panggenan lajêng tilêm. Ing ngriku Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana wuninga wontên satunggaling lare èstri kintên umur 14 taun anggènipun tilêm tapihipun kalingkap, pusêripun katingal sumorot pindha urubing latu. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana wuninga sangêt ing pangungunipun. Lare wau lajêng dipun cêlaki sarta tapihipun ingkang kalingkap lajêng kalêrêsakên. Osiking panggalih manawi sampun siyang lare wau badhe kapriksa. Sarèhning lare panunggilanipun kathah, dados dipun têngêri, tapihipun kalêrês pangasih dipun sêbit. Lajêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana nglabuhi sadalu botên sare, pêrlu andhawuhakên mariksa sintên para lare èstri ingkang tapihipun suwèk kaprênah pangasih. Sarêng sampun enjing sabubaring ringgitan, sadaya lare sami dipun pariksa sintên ingkang sêbitan tapihipun, [tapih...]

--- 13 ---

[...ipun,] pinanggih kalêrês anakipun Kyai Nuriman, Kaum ing dhusun Matah. Wasana lare wau kakarsakakên dados abdi sêlir, pinaringan nama Radèn Ayu Patah Ati.

Kacariyos abdinipun Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana sangsaya wêwah-wêwah, kathah tiyang ingkang sami suwita, jajahanipun kaêlar ngantos dumugi tanah Sêmbuyan. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana sangêt mungkar ing panggalih, jalaran wuninga kathahing abdi ingkang sami katingal sungkêmipun, tuwin sami prawira ing ngayuda. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana karsa santun sasêbutan, ajêjuluk Sultan Adipati Prakosa Senapati Ngayuda Lêlana, Jayamisesa Prawira Adiningrat. Lênggah dhampar pindha sacaraning nata ing tanah Jawi, ing ngriku sarêng karsa siniwaka wontên magêlaran, Kangjêng Sultan kasambêt, awit dhamparing karajan sinambêr ing gêlap. Sasampuning èngêt, Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan umatur:

Dhuh Gusti sêsêmbahan kawula, mugi sampun angêgungakên kawibawan saha kahurmatan rumiyin, mindhak adamêl [a...]

--- 14 ---

[...damêl] gumyahing têtiyang sanagari, têmahan ngawistarani lampah, adamêl enggal kawistara dhatêng rama dalêm Sang Prabu, prayogi ngagêma asma Pangeran kemawon, supados sampun kanyana-nyana ing rama dalêm Ingkang Sinuhun, sêdhêng para wadya dalêm kathah kuwawi dipun abên ing rananggana.

Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana miturut saaturipun Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan, pangandikanipun:

He, Rôngga, têka bênêr gunêmira, yèn mangkono ingsun ngagêm asmane rama swargi bae, suwurna marang bocahira kabèh.

Kacariyos kala samantên nyarêngi karaton Kartasura kabêdhah dening têtiyang Cina, Ingkang Sinuhun kèngsêr saking kraton. Sakèngsêripun Ingkang Sinuhun, para garwa putra santana putri sami pating balêsar botên kantênan purugipun. Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara, inggih punika Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, karsa mapag ingkang ibu sumêdya kaungsèkakên. Sarêng sampun kapanggih, ingkang ibu ngandika:

--- 15 ---

Thole enggal lumêbua ing kraton, Kangjêng Kyai Bêruwang isih kèri ana sareyan dalêm, jupukên gèr, dikongsi bisa kêna.

Ingkang putra amit lajêng mangkat kadhèrèkakên dening Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan. Ingkang ibu kantun katêngga ing para abdi. Sarêng dumugi ing kraton, Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara pakèwêd anggènipun badhe lumêbêt, awit têtiyang Jawi botên kenging lumêbêt ing kraton, ingkang kenging malêbêt namung bôngsa Cina kemawon. Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara sangêt kewran ing panggalih. Sadangunipun Kangjêng Pangeran anggalih, reka kadospundi ingkang badhe linampahan, ing ngriku wontên Cina ingkang pisah kalihan rencangipun, lajêng dipun cêpêng dipun pêjahi, sandhanganipun kapundhut lajêng kaagêm. Sasampunipun ngagêm sandhanganing Cina wau, Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara tumuntên malêbêt ing kadhaton anjujug kamar pasareanipun Ingkang Sinuhun, ambiyak kajang sirah, ing ngriku wontên dhuwung satunggal, patrêm satunggal, nama Kyai Gogor, kalih-kalihipun sasampunipun [sasampuni...]

--- 16 ---

[...pun] kapundhut, Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara enggal mêdal ing jawi, têrus kondur saabdinipun, botên karsa anjarah rajabarana.

Sabêdhahipun kraton Kartasura, kraton Jawi pindhah dhatêng Sala, kanamakakên ing Surakarta.

Ing alami-lami pangramanipun Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara wontên ing tanah Nglaroh kapiyarsan Ingkang Sinuwun, mila Ingkang Sinuhun lajêng utusan Kumpêni katindhihan Pangeran Mangkubumi, nglurugi rêrêsahing tanah Nglaroh wau, kalampahan têmpuh prang rame, Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara kêplajêng, para abdinipun sami pating balêsar, ingkang andhèrèkakên kantun abdi pitung iji, saha abdi sêlir ingkang botên pisah kalihan gustinipun. Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan kataton kempolipun ingkang têngên, ewadene botên sêdya misah kalihan gustinipun. Rencangipun Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan nama Irawôngsa, ingkang ambêkta waos Kyai Banthèng ical botên kantênan. Kala samantên Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan sangêt ing susahipun, nandhang sakit [saki...]

--- 17 ---

[...t] wontên ing satêngahing wana tur kinuya-kuya ing para prajurit. Pitung dintên pitung dalu botên sagêd nêdha sêkul, ingkang dipun têdha namung uwi wana kemawon. Dene anggèning umpêtan wontên ing wana ngantos salikur dintên. Sarêng sampun saras sakitipun, Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan sêdya madosi prikancanipun, mêdal saking wana wanci badhe sêraping surya. Ing ngriku Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan pinanggih satunggaling tiyang èstri, warninipun sae, tiyang èstri wau pitakèn, punapa ingkang sinêdya wontên ing wana piyambak. Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan mangsuli walèh, manawi piyambakipun punika satunggaling brandhal, kêplajêng andhèrèk gustinipun, sêdya badhe ngupadosi rencangipun ingkang pating balêsar. Tiyang èstri wau lajêng wicantên makatên:

Manawi kaparêng sumangga kampir ing griya kula, punika cêlak kemawon katingal saking ngriki, dhahara sêsêgah kula sawontênipun.

Wantuning tiyang dawêk nandhang kêsrakat, botên èngêt ing rikah-rikuh, Kyai Ngabèi karsa miturut. Sarêng dumugi [dumu...]

--- 18 ---

[...gi] ing griyanipun tiyang èstri wau, Kyai Ngabèi kasêgah nêdha sêkul, pangraosipun eca sangêt. Anggenipun wontên ing ngriku ngantos pintên-pintên dintên tansah dipun ladosi dhatêng tiyang èstri wau, ingga dados semahipun. Salêbêtipun wontên ing ngriku sami rêmbagan bab ribêdipun Kyai Ngabèi anggèning kaicalan prikônca. Tiyang èstri wau wicantên makatên.

Yèn kowe ora sêdya lali karo aku, aku bisa madhangake pikirmu, sarta rêribêdmu aku kêconggah nyirnakake.

Ing ngriku Kyai Ngabèi lajêng prasêtya badhe botên supe-supe ing piyambakipun salaminipun gêsang.

Wicantênipun ingkang èstri: Dimantêp ênggonmu nglabuhi gustimu, wus masthi kêna koeyubi saturun-turunmu, sesuk byar kowe bakal katêmu lan para rowangmu kang pating balêsar panggonane.

Sarêng dumugi byar rahina Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan wontên sanginggiling wit waringin agêng, sangêt pangunguning manahipun, botên ngintên manawi ingkang dipun pêndhêt semah [se...]

--- 19 ---

[...mah] wau sanès tiyang wadhag, têtela bilih bôngsa alus. Kyai Ngabèi lajêng mandhap saking witing waringin agêng, botên antawis dangu lajêng pinanggih kalihan prikancanipun tiyang 25 iji, lajêng sami dipun jak umarêk ing gustinipun. Para abdi wau sami damêl griya wontên samadyaning wana angalêmpakakên têtiyang padhusunan ingkang cêlak-cêlak. Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara prajuritipun sagêd madêg malih, sangsaya lami sangsaya ngirup-irup padhusunan talatah ing Rêdi Kidul, anggubêd mangetan mangalèr dumugi tanah Ônggabayan. Ing ngriku Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan pinanggih tiyang mangun tapa nama Kiyai Ajar Dhomas, manggèn wontên imbanging ardi Lawu ingkang sisih kidul kilèn namanipun wana Sibêruk. Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara kaaturan pinanggih. Kalampahan sarêng pinanggih kalihan Kyai Ajar Dhomas, Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara winulang sakathahing wêwadi ingkang dèrèng kawêdhar, saha dipun aturi tapa brata wontên pucaking ardi Bangun, supados sagêd nêgêsakên pribadi dhatêng ingkang kawasa, têtêping wêcanipun Kyai Ajar

--- 20 ---

Dhomas wau. Kangjêng Pangeran Arya miturut, lajêng minggah pucaking ardi Bangun, kadhèrèkakên Kyai Ngabèi tuwin abdi kalih iji, lampahipun sangêt rêkaos, awit ardi Bangun punika wana agêng, marginipun rumpil sangêt. Pucaking ardi wau ingkang waradin namung kalih dhêpa pasagi. Sadumuginipun ing pucak, Kyai Ngabèi damêl panggenan gêgodhongan wanan, sami katata saengga payon. Awit sadhatêngipun ing ngriku wau, botên antawis dangu lajêng jawah kados ingêsokakên, pêtêng dhêdhêt ampuhan saking ardi Lawu botên kêndhat-kêndhat. Kyai Ngabèi tuwin abdi kalih wau sami katisên. Lajêng sami gadhah akal ngagar kajêng garing, damêl bêbêdhiyan. Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara kalihan abdi têtiga wontên pucaking ardi Bangun pitung dintên pitung dalu, cêgah dhahar cêgah sare. Ing ngriku mêdal prabawanipun, prahara agêng ampuhan lumimput ing arga, ngantos pratonggapati botên katingal, Kyai Ngabèi tuwin abdi kalih mèh botên bêtah kataman asrêp. Mila bêdhiyanipun tansah kaurubakên.

--- 21 ---

Nalika punika Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara angsal dêdamêl awarni bandera tuwin kalonthongan tambur, lajêng tindak murugi dhatêng padununganipun Kyai Ngabèi Rôngga tuwin abdi kêkalih wau, pangandikanipun:

He Rôngga, wruhanira gêgaman rupa bandera lan kalonthongan tambur iki, pêparinge Hyang Sinuhun Lawu, anêtêpake dadi pusakaku ing salawas-lawase. Bandera iki arane Kyai Dhudha, dene kalonthongan tambur iki Kyai Slamêt, lan pucuking gunung iki dak jênêngake gunung Mêngadêg, ing têmbe dadia pakuburanaku. Wis aja wara-wara, ayo mulih marang pondhokan.

Kala samantên pangramanipun Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara jinurung sasêdyanipun, kathah para dasih ingkang sami nungkul sabaya pêjah.

Kacariyos ing nalika punika kasusul pangramanipun Pangeran Arya Mangkubumi, dumunung ing tanah Sokawati ingkang sisih lèr. Barisipun Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara ing tanah Sokawati ingkang iring kidul, condhok [co...]

--- 22 ---

[...ndhok] wontên ing dhusun Sigawe. Ing ngriku Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara nampi utusanipun ingkang rama sinuhun, Nyai Tumênggung kadhèrèkakên priyantun wolung iji, maringakên sêrat dalêm, suraosipun Kangjêng Pangeran katimbalan kondur dhatêng nagari, badhe kapundhut mantu. Sanalika Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara katingal enggar ing panggalih, mila lajêng andhawuhakên dhatêng utusan Nyai Tumênggung, matur sandika anggêripun Ingkang Sinuhun marêngakên, abdinipun 40 iji ingkang sami sampun gadhah lênggah siti dhusun kalulusakên ing patuhipun. Utusan nyuwun pamit, sampun kalilan mantuk. Sapêngkêring utusan Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara maringakên wuninga dhatêng para santana tuwin kawulanipun, punapa suraosing sêrat dalêm wau. Aturipun para kawula sami botên mrayogèkakên sowan, awit Ingkang Sinuhun kakintên panggalihipun botên têmên, amung kagêm ambêbujuk, kuwatosipun para kawula, bokmanawi gustinipun badhe manggih bilai, aturipun:

--- 23 ---

Gusti, manawi panjênêngan dalêm sowan, tamtu lajêng katingkês, badhe kadospundi polah panjênêngan dalêm. Ingkang makatên punika sampun kathah kemawon tatalanipun, kados ta swargining rama dalêm piyambak, tur sadhèrèk sêpuh, ewa samantên sinuhun têgêl ambucal, tur tanpa prakawis. Ing môngka panjênêngan dalêm punika kagungan dosa purun ing ratu, botên wande panjênêngan dalêm kenging ingapus krama.

Kacariyos Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara sarêng miyarsakakên aturing santana tuwin dasih sadaya, ginalih-galih lêrês. mila utusanipun Ingkang Sinuhun rambah-rambah amung sinanggi krama kemawon, Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara têtêp botên karsa sowan. Kala samantên Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan kakarsakakên ngandikan piyambakan, pangandikanipun makatên:

He, Rôngga, bangêt cuwaning atiku, dene aku arêp rabi olèh putraning ratu kabeh santana wadyaku padha malangi, ing môngka rasaning atiku iku kang dak gayuh rina wêngi, yèn mangkono kapriye dadine awakku iki.

--- 24 ---

Aturipun Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan, dhuh gusti, sampun alit ing panggalih, kawula dipun cariyosi semah kawula bôngsa alus, ingkang tansah anjagi lampah kawula ing sadintên-dintênipun manawi manggih bêbaya, makatên wiraosipun:

Kyai, bandaramu yèn kêna aturana supaya nunggala pambarisan lan ingkang rama Pangeran Arya Mangkubumi, awit iku wus pinasthi antuk darajating kaprabon, yèn bandaramu ora karsa nêmpil wahyune, bakal akèh pakewuhe.

Nalika Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara miyarsakakên aturipun Kyai Rôngga wau, ginalih-galih têka lêrês, mila lajêng andhawuhakên para wadya, tata-tata bidhal anyêlaki pambarisanipun ingkang rama Pangeran Arya Mangkubumi.

Kacariyos pangramanipun Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara sampun kêmpal dados satunggal kalihan ingkang rama Pangeran Arya Mangkubumi, anjalari saya dados agênging kraman. Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi jumênêng susuhunan, [su...]

--- 25 ---

[...suhunan,] kasêbut Susuhunan ing Kabanaran, akadhaton ing Jakawal. Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi kapundhut mantu, sarta kajumênêngakên Senapati, dhinawuhan ngrampit tanah Pajang Mataram. Nêluk-nêlukakên para pangagênging nagari (botên kacariyosakên lampah-lampahing paprangan, awit sampun kasêbut ing Sêrat Babad Giyanti). Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara sadangunipun nunggil kraman kalihan ingkang rama Susuhunan ing Kabanaran, sakarsa-karsanipun jinajaya ing ajurit. Sarêng kenging rêmbag pangipukipun ingkang rama paman Pangeran Purbaya, Pangeran Mangkunagara crah kalihan ingkang rama marasêpuh, bakuh ngadêg kraman piyambak. Ingkang makatên wau kados sampun takdiripun ingkang kawasa, badhe nglampahi pêsthinipun piyambak-piyambak, mila adamêl suda ing kêkiyatanipun kraman kalih-kalihipun, Susuhunan ing Kabanaran anggènipun ngraman kapêksa kêpalangan ingkang putra mantu, adamêl sudaning kasantosan. Makatên ugi Pangeran Arya Mangkunagara, kapêksa mêmêngsahan ratu kalih, mila yudanipun tansah karepotan [kare...]

--- 26 ---

[...potan] kêrêp kaplajêng. Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan sangêt ing susahipun nalika bandaranipun misah kalihan ingkang rama. Ananging ciptaning panggalih pinusthi, sadaya lêlampahan ing agêsang, bêgja cilaka, sampun tinakdir ing Pangeran ingkang Mahaluhur, manusa amung kêdah nglampahi mantêp lan tumêmên, sampun ajrih ing pêjah, awit Ingkang Mahakawasa sampun anata adil.

Kacariyos Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara tansah kasurang-surang yudanipun, kêrêp kaplajêng sawadya balanipun, ananging Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan botên angawratakên dhatêng sawarnining pakèwêd, botên ajrih ing pêjah, ingkang dipun andêlakên semahipun pêri. Kyai Ngabèi tansah kajangkung rintên dalunipun, mênggah kanyatahaning panjangkungipun pêri wau makatên: Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan ing satunggaling dintên kinêpang-kêpang ing mêngsah, tangèh manawi sagêda uwal saking bilai, awit kantun tiyang pitung iji, kalêbêt gustinipun, ewadene sagêd wilujêng, amargi nalika kakêpang wontên ing paprangan wau, dumadakan wontên prahara agêng andhatêngi

--- 27 ---

nêmpuh para prajurit ingkang sami ngêpang, wasana Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara saabdinipun sagêd lumajêng oncat saking pangêpangipun para prajurit. Kasangsaran miwah pakèwêd makatên wau botên sapisan kaping kalih kemawon, ananging marambah-rambah, dene oncatipun saking sangsara wau, manawi botên tinulak ing jawah agêng, inggih semahipun pêri Kyai Ngabèi ingkang asung margi.

Kacariyos ing satunggsling dintên, Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara kinêpang ing mêngsah, namung kantun tiyang sangang iji, wêkdal samantên botên wontên jawah botên wontên angin, dados pangêpangipun para prajurit sangsaya dipun santosani. Pangeran Arya Mangkunagara nyipta pêjah, awit sampun botên sagêd ngreka kadospundi sarananipun oncat saking bêbaya ingkang dhumawah sapisan punika, Kangjêng Pangeran sampun botên kagungan karêkat, sarira kados dipun lolosi bayunipun. Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan umatur:

Dhuh gusti, sampun susah ing panggalih, lêlampahan punika sampun panjênêngan dalêm têmaha, bêgja sakit dumugi [du...]

--- 28 ---

[...mugi] pêjah, lakar sampun sinêdya. Môngga sami nêmpuh pabarisan punika.

Kangjêng Pangeran ngandika: Rôngga, kêkêndêlanira tanpa guna, bêbasan kaya sulung lumêbu ing gêni, awit kèhing mungsuh ewon, sira tandhingi wong sanga, otota kawat balunga wêsi pisan, mêsthi sirna.

Aturipun Kyai Ngabèi: Gusti, botên nêmpuh badhe pêrang, namung nêmpuh sagêda ngoncati saking bêbaya punika.

Kangjêng Pangeran mangsuli: Kapriye karêpira Rôngga, ingsun miturut. Manawa sira bisa nguwalake pakewuh gêdhe kang sun sandhang iki, ingsun pêrsapa: saturun-turun ingsun lan turunira kaping pitu aja pisah, mèlua nunggal mukti.

Ing ngriku Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan parentah dhatêng prikancanipun: he para sadulurku, aja ana was kuwatir sanadyan amung kari wong wolung iji, rekadayaku iki ayo padha dilakoni kang tumêmên, jodhang loro sarta tenong loro iki padha anggonên wadhah pirantine [pi...]

--- 29 ---

[...rantine] gustimu kabeh, ing dhuwur ing jodhang lan tenong dokokana sêga iwak, banjur lurupana putih, mêngko sore wayah bakda ngisa padha mangkat.

Para prikônca sami tanggap rekadayanipun Kyai Rôngga wau. Wanci asar sadaya pirantos sampun karakit, jodhang kalih, tenong kalih sarta obor kalih, gunggung bêbêktanipun tiyang wolu, awit jodhang kalih kapikul tiyang sakawan. Sarêng sampun wanci bakda ngisa lajêng sami mangkat, Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara wontên ing ngajêng piyambak ambêkta waos, pangagêmanipun cara kuli. Kyai Rôngga ambêkta obor, inggih mangangge cara kuli, makatên ugi para kônca sanès-sanèsipun. Samargi-margi lampahipun sami surak-surak utawi nêmbang cara dhusun, binarung ungêling gôngsa cangkêm. Lampahipun sakeca kawistara botên mutawatos. Sadumuginipun ing panggenan pabarisan, sangsaya sora surak sarta ungêling gangsanipun. Para prajurit ingkang sami pacak baris kagèt sarwi pitakèn:

He, iku wong-wong apa, dene padha abungah-bungah [abungah-...]

--- 30 ---

[...bungah] abroak-braok gawe kagète para Lurah gêdhe.

Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan mangsuli: Priyantun, anggèn kula sami rame-rame wontên ing margi dalu-dalu punika, kangge nyalamur sayah, awit bêktan kula awrat, kintunan dhatêng Lurah kula Patuh kilèn dhusun punika ingkang sawêk anjagi brandhal.

Para prajurit ingkang sumêrêp wujudipun, botên nyana babar pisan bilih punika ingkang sami dipun kêpang, awit sami katingal tiyang kuli pikul lumampah ambêkta awrat. Mila lampahipun kalajêngakên. Sarêng kapêngkêr papan pangêpangan, byar enjing dumugi ing pinggir lèpèn agêng. Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara sagêd oncat saabdinipun wolu kalihan wilujêng. Salèring lèpèn wontên dhusun nama Turus, tanah Sêmbuyan. Wontên ing ngriku Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan manggihi kamisêpuh ing dhusun Turus, nama Kyai Kuda Amongraga, nèm sêpuhing umur kalihan Kyai Rôngga kaot sakêdhik, sêpuh Kyai Kuda Amongraga. Kangjêng Pangeran kaaturan [kaa...]

--- 31 ---

[...turan] lênggah dhatêng ing griya, Kyai Kuda Amongraga sangêt sae dhatêng tamunipun, nyêgah têtêdhan sawontêning dhusun. Kangjêng Pangeran saabdi sadaya wontên ing dhusun Turus ngantos sawatawis dintên laminipun. Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan malèhakên dhatêng Kyai Kuda Amongraga, sintên ingkang dipun dhèrèkakên punika, têmbungipun:

He Kisanak, satêmêne bandara kula niki panggêdhening kraman, asmane Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara, mulane manawa kisanak bisa mitulungi bêbahu, sarta banjur ngabdi ing bandara kula êmpun tamtu kisanak bakal antuk pangayoman gêdhe. Kyai Kuda Amongraga, dhasar kawilang tiyang bantêr tur kineringan ing sêsaminipun, sarêng mirêngakên ginêmipun Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan, ingkang makatên wau tumuntên sagah suwita anggusti dhumatêng kangjêng Pangeran, sarta lajêng ngalêmpakakên kadang karuh sacêlaking padhusunan ngriku, angsal tiyang 65 iji, purun dados kraman sabaya pêjah. Akalipun Kyai Kuda Amongraga kaaturakên dhatêng Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan, aturipun makatên:

--- 32 ---

Lurah prayoginipun têtiyang kula punika katindhihana para Lurah sakawan lumampah anêluk-nêlukakên padhusunan ingkang cêlak-cêlak, para Lurah têtindhih wau ngakêna nama Kangjêng Pangeran, saèstu têtiyang alit sami ajrih saking asmanipun kemawon. Ananging mênawi purun anglawan, inggih dipun byuk kathah.

Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan nampi aturipun Kyai Kuda Amongraga makatên wau, andadosakên pirênaning panggalih, mila lajêng aparentah abdi sakawan iji nindhihi tiyang 65. Lampahipun dipun parênca, mangetan, mangidul, mangilèn, mangalèr, Kyai Ngabèi mindha-mindha Kangjêng Pangeran mawi songsong jêne, nindhihi para têtiyang alit 20, lampahipun mangalèr. Kala samantên Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara pinuju gêrah sarira kasok saking kasrakat lampah têbih, dados kantun wontên ing dhusun kemawon, wasana para abdi ingkang pinarênca sami lumampah nêluk-nêlukakên padhusunan, sami ngakên Pangeran Arya Mangkunagara, lampahipun para abdi sami jinajaya ing prang, kathah para pangagêng

--- 33 ---

dhusun ingkang sami nungkul, ing tanah Sêmbuyan sadaya sampun kabawahakên, mila sangsaya agêng prajuritipun. Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara sangêt sih trêsna dhatêng Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan tuwin Kyai Kuda Amongraga, ginanjar pangkat dados pangagêng dhusun ing Turus, angêrèh tanah Sêmbuyan sadaya. Kala samantên Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan anggènipun andhèrèk ngraman ngantos 18 warsa laminipun. Sarêng Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara kondur dhatêng nagari para abdi sami andhèrèk, ananging abdi pêpilihan kantun 18 iji, anjujuk ing dalêm Mangkuyudan. Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara pinaringan lênggah siti dhusun kawan èwu jung, têtêp sasêbutan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara Senapati ing Ngalaga nagari Surakarta, asongsong gilap. Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan dados Lurahing punggawa 18 iji, sarta nyêpêng siti kawan èwu jung wau. Kala samantên Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan sangêt malaratipun, bêbasan kantun kathok thok, namung dhuwung satunggal nama Kyai Pulunggêni, waosipun

--- 34 ---

pusaka nama Kyai Banthèng ical dèrèng pinanggih, Kyai Ngabèi botên sagêd ngadêg kapriyantunanipun. Wasana lajêng pados semah, angsal prawan ing kampung Kawatan Surakarta, anak kêmasan radi sugih. Inggih semahipun wau ingkang angêdêgakên kapriyantunanipun Kyai Ngabèi, adamêl griya kaprênah sakilèn dalêm Mangkunagaran.

Kacariyos Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan, ing alami-lami anggènipun sêsemahan gadhah anak. Semahipun Kyai Ngabèi wau wêkdal nyakiti, sami tinênggan ing para akrab kulawarga. Kala samantên wontên kaelokan ingkang adamêl pangunguning akathah, inggih punika sarêng lahir jabang bayi ical tanpa sabab. Para kulawarga ingkang sami nênggani sadaya sami bingung, wontên ingkang nangis loap-laup. Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan lajêng mêndhêt mênyan madu, kabêsmi wontên ing panggenan sêpên. Sanalika semahipun pêri dhatêng sarwi gumujêng latah, lajêng sami pirêmbagan. Kyai Ngabèi pitakèn, punapa karananipun [karanani...]

--- 35 ---

[...pun] bayi ingkang nêmbe lahir, ical tanpa sabab. Semahipun wicantên, icaling bayi wau kadhêlikakên piyambak, supados damêl bingungipun Kyai Ngabèi, jalaran sarêng Kyai Ngabèi gadhah semah enggal, lajêng botên tuwi dhatêng griyanipun, mila anakipun ginora-godha. Wicantênipun Kyai Ngabèi dhatêng semahipun pêri:

Anakku uculna, aja koanggo sêmbranan.

Wangsulanipun semah pêri: Yèn kowe ora gêlêm têka ing omahku, anakmu masthi ora dak uculake.

Kyai Ngabèi mangsuli: Iya aja kuwatir, ora-orane aku lali marang kowe, besuk sabubaring jagongan aku masthi têka ing omahmu.

Sarêng pêri wau sampun sinagahan makatên, bêbayi sanalika katingal gumalèntèr sarwi nangis cêngar-cêngèr, para kulawarga ingkang sami nungkuli sangêt eramipun. Bayi katingal sêgêr awakipun. Sarêng dumugi puput pusêr, Kyai Ngabèi ngundangi para akrab tuwin prikônca sami dipun ajak bingah-bingah kasukan sasênêngipun. Botên [Bo...]

--- 36 ---

[...tên] antawis dintên, Kyai Ngabêhi kesah saking griya tuwi semahipun pêri, para akrab botên sami sumêrêp. Sarêng kaupadosan ngantos pitung dintên botên pinanggih, para akrab kulawarga sadaya rêmbag munjuk ing kangjêng gusti, angaturakên lêlampahan icalipun Kyai Ngabèi wau. Dhawuh timbalan dalêm:

Wis aja kogolèki mênyang êndi-êndi, manawa wis tutug olèhe katêmu bojone pêri, amasthi mulih dhewe.

Kala samantên ngantos sawulan Kyai Ngabèi wontên ing griyaning semahipun pêri, lajêng mantuk tanpa mawi ingupaya, sarêng pinanggih semah tuwin anakipun, Kyai Ngabèi wêwarti, kesahipun wau tuwi semahipun pêri, pêrlu asanjang sagêda rumêksa dhatêng sakukubaning griya sadaya, sampun gêndhak sikara. Mila manawi wontên wêwarnèn utawi suwara ingkang elok, para kulawarga sampun ngantos kagèt, malah lajêng kapurih kutug, tamtu sagêd pinanggih saha sanjang punapa sapêrlunipun. Lêstantun dumugi samangke dumugi turunipun Kyai Ngabêhi Rôngga [Rông...]

--- 37 ---

[...ga] Panambangan manawi kasandhung ing prihatos, asring dipun dhatêngi ngatingal asuka wêwangsit.

Kacariyos Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan, anakipun satunggal jalêr, sangêt dinama-dama. Sarêng sampun wanci dêmolan, kintên umur nêm taun, dipun damêlakên sandhangan sacaraning priyantun, kuluk alit, dhuwung alit, rasukan lakên alit, sinjang kareka dodod. Manawi ingkang rama pinuju lumêbêt pasowanan, andhèrèk sarwi dipun songsongi alit, songsongipun ijêm sèrèt praos satunggal. Wiwit alit dumugi diwasa tansah ginulang wêwatêkaning priyantun, sarta dipun sumêrêpakên tatakrama patrap ngawula ing ratu. Sihipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Mangkunagara dhatêng Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan tanpa timbang, mila anakipun Kyai Ngabèi dawêg umur 12 taun sampun kadadosakên priyantun apangkat punggawa, saha kaparingan lênggah siti dhusun tigang jung, sarta kapatêdhan nama sêpuh: Mas Ngabèi Prawirasantika. Kala samantên Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan kadhatêngan tiyang [ti...]

--- 38 ---

[...yang] jalêr satunggal, sangêt elokipun. Pangangge sampun sami amoh wujudipun kawistara anggêgilani, nyalênèh ing akathah, lambe ngandhap nginggil sami gripis. Ambêkta waos bandaran satunggal pinandhi, anjujug griyanipun Kyai Ngabèi. Sarêng dipun pitakèni namanipun, matur nama Irawôngsa, sêdyanipun ngupadosi griyanipun Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan. Sarêng dipun aturakên dhatêng Kyai Ngabèi, lajêng katimbalan lumêbêt ing pandhapi. Kyai Ngabèi sangêt pandung dhatêng rencangipun kêkasih, awit kawistara santun warninipun. Sarêng tiyang wau dinangu dening Kyai Ngabèi piyambak, matur walèh:

Kula ingkang abdi Irawôngsa, ngaturakên kagungan sampêyan waos, punika wujudipun.

Sanalika Kyai Ngabèi kaèngêtan, waos dipun asta lajêng kabikak, têtela pusakanipun ingkang nama Kyai Banthèng wangsul. Waos wau mawi ciri, bungkulipun mawi jêne katarètès intên pasèt cacah wolung iji, Kyai Ngabèi sangêt pandung dhatêng wujudipun Irawôngsa, dangu-dangu kaèngêtan lajêng ngandika:

--- 39 ---

He, Irawôngsa, apa kowe pangling marang aku.

Aturipun: Kyai, kula botên pandung dhatêng sampeyan.

Kyai Ngabèi andangu malih: Caritaa kapriye dene kowe nganti antara sanga utawa sapuluh taun iki pisah lan aku, kowe ana ngêndi, lan sapa kang nuduhake têkamu ing kene iki.

Aturipun Irawôngsa: Kyai, nalika pêrang kaplajêng wontên ing tanah Ardi Kidul, kula lumajêng dumugi wana sakidulipun rêdi Gadhing, saking sangêting kasrakat kula botên sagêd nêdha sêkul. Salêbêtipun tigang dintên pangraos kula lajêng tilêm botên gadhah èngêt punapa-punapa, tangi kula punika dipun gugah têtiyang èstri, warninipun sae, rikmanipun panjang, nyariyosi dhatêng kula yèn piyambakipun garwa sampeyan. Kula lajêng dipun dhawuhi ngupadosi sampeyan dhatêng nagari, pitungkasipun makatên: Irawôngsa, kowe enggal muliha mênyang nagara, aja kuwatir apa-apa, golèkana Lurahmu, manggon sakulon dalêm Mangkunagaran,

--- 40 ---

tumbak iki aturna Lurahmu, wis enggal mangkata. Kala samantên pangraos kula tangi saking supêna, sarêng sumêrêp badan kula sampun kêbak kagubêd bondhotan lunglungan wanan, ngantos botên sagêd ebah, ing ngriku kula kaèngêtan manawi taksih nyangkêlit dhuwung, bondhotan lajêng kula tatas ing dhuwung, wasana lajêng ing lampah kula kalihan ambêkta woas. Botên karaos sayah, luwe tuwin kasatan, lêstantun dumugi ngarsa sampeyan punika.

Kyai Ngabèi sarêng mirêng cariyosipun Irawôngsa, rumaos ing panggalih sangêt ing sih trêsna dhatêng semahipun pêri, anggènipun labuh nêdahakên margi dhatêng kawilujêngan, ngantos rencangipun ical, sagêd ngantukakên malih. Pangungunipun panggalih dene Irawôngsa ngantos pintên-pintên taun têka taksih gêsang. Nalika punika Irawôngsa dados têtingalanipun tiyang kathah. Irawôngsa lajêng dipun paringi santun pangangge, awit sandhanganipun ingkang taksih tumèmpèl ing badanipun, manawi dipun grayang sampun mopol. Sarêng sampun santun [sa...]

--- 41 ---

[...ntun] pangangge, dipun paringi nêdha sêkul, lajêng nêdha, sarampungipun nêdha lajêng ngombe toya. Sami sanalika guwayanipun Irawôngsa pucêt anggalèyèh dados ing ajalipun. Kyai Ngabèi sakalangkung kagèt, sangêt ngungun ing panggalih. Jisimipun Irawôngsa lajêng kadhawahan mirantosi pamêtakipun dhatêng kubur.

Kacariyos Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan, anakipun kêkalih, ingkang sêpuh èstri mêdal saking semah pêri nama Rara Gadhung Mlathi, ingkang nèm jalêr mêdal saking semah manusa, nama Mas Ngabèi Prawirasantika. Anak saking pêri wau sanadyan bôngsa alus, ewadene kêrêp ngatingali sarta ginêman kalihan Mas Ngabèi Prawirasantika, manawi pinuju pêpanggihan, botên mantra-mantra yèn bôngsa alus, awit wujud kados manusa kemawon. Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan winêling kalihan semahipun pêri, benjing puputing yuswanipun watawis umur sawidak satunggal taun. Mila sarêng andungkap umur sèkêt pitu taun, Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan karsa miwaha ingkang putra Mas Ngabèi Prawirasantika kadhaupakên kalihan [ka...]

--- 42 ---

[...lihan] anak pambajêngipun Kyai Kuda Amongraga, pangagêng dhusun ing Turus, awit sampun prajangji sami nunggil kamuktèn. Sabibaring damêl, Kyai Ngabèi karsa ngêlih kuburipun ingkang rama, ingkang sampun sumare wontên ing astana sakilèn kadhaton Kartasura, kapirantosan panti Sawa saking Sala, mawi rêrênggan kados nalika sedanipun. Sarêng pasareyan kadhudhuk kêpanggih kantun bêbalung ngalêmpak, lajêng kaêlih ing panti Sawa, kabêkta dhatêng dhusun Gêdawan tanah Sokawati. Astana wau winastan ing Randhusanga, ngantos dumugi sapriki siti astana wiyaripun tigang bahu dados pusaka têdhak turunipun Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan. Kala samantên pasareyan ingkang kaangge ngêlih Raden Tumênggung Prawirasuta, inggih punika ingkang rama Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan, sampun pinasangan cungkup. Balungan kajêng jatos tinutup ing gêbyog mubêng, sampun kaukur namung kangge tigang badan. Kyai Ngabèi sadèrèngipun tilar donya, apitungkas dhatêng ingkang putra Mas Ngabèi Prawirasantika makatên:

Thole, saka tuture êmbokmu bojoku

--- 43 ---

pêri, pupute umurku kurang sawatara sasi bae, awit umurku wis ngancik sawidak siji taun. Manawa aku mati, kuburên tunggalna êmbahmu bapak. Dadi sajroning cungkup kanggo badan têlu lan êmbokmu dhewe. Kapindhone, sarupaning layang cathêtanku aja nganti kêtriwal, malah yèn kowe dhangan, sambungana lêlakonmu tumêka ing akir. Kaping têlu, aja nganti kêlalèn marang sadulurmu Si Rara Gadhung Mlathi, êmongên aja nganti rêngu, awit ing têmbe manawa ana pakèwuhe mêsthi bisa têtulung marang kowe. Kaping pate, gèr, kang sumurup marang lakuning jaman, saungkurku gustimu dhewe kaya isih sambung ênggone ora kapenak kalawan Ingkang Sinuhun, tur pulunane piyambak, awit panggalihe ratu Jawa ora kêna dilomba. Wêwêkasku ing kowe, sabisa-bisa supêkêta karo Kumpêni, awit iku kang bakal kêna dieyubi gustimu sakulawargane kabeh. Kaping lima jaman iki durung uwis-uwis prakara pêrang, wêkasku thole, kowe yèn bisa bakal anggantèni aku, dadi Lurah amanggêdhèni para kawula ing praja Mangkunagaran,

--- 44 ---

pangêrèh sarta pamêngkumu marang wong cilik, dinganggo wêwatêkan kêndêl kalawan supêkêt asih. Awit kalakuwane wong cilik iku bêbasane: ora wêruh rêmbug, nanging mèlu grubyuk. Yèn panganggêp lan pamêngkumu marang wong cilik kaya sadulur, wong cilik amasthi mêtu trêsna lan kêkêndêlane, ora dirasa lara patine. Pituturku iki cathêtên ana ing sajroning pamikirmu kang winadi. Kowe dak tinggali pangèstu, muga bisa kanggo pasuwitanmu marang gustimu, sakèhing piwulangku ing dhuwur mau èstokna gèr, aja lali-lali.

Sarêng Kyai Ngabèi sampun têtêp yuswa sawidak satunggal taun, lajêng ajal. Nêtêpi wêca cêcawangan saking semahipun pêri. Kasarèkakên wontên astana ing Randhusanga. Mas Ngabèi Prawirasantika kinarsakakên anggêntosi kalênggahanipun ingkang rama, kaparingan sasêbutan Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan kaping kalih. Kala samantên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara sampun kagêntosan kaprênah ingkang wayah, asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana.

--- 45 ---

Tamat lampahanipun Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan sapisan, kasambêt pêpèngêtanipun Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan kaping kalih, amratelakakên waktu ngubur sedanipun ingkang rama, sarêng layon kapêndhêt saking bandhosa badhe kasarèkakên, wujuding badan sampun botên wontên, kantun ulês mori kemawon. Lêlampahanipun Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan sapisan, wiwit diwasa dumugi ajal, warni-warni sarta kathah ingkang elok-elok. Dene Kyai Ngabèi Rôngga Panambangan kaping kalih inggih ngestokakên wêwêlingipun ingkang rama, adamêl pèngêtan lêlampahanipun ngantos dumugi ajalipun.o.