Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Lelampahandalem Sasradiningrat IV, Wuryaningrat, 1956, #401

Katalog:Lelampahandalem Sasradiningrat IV, Wuryaningrat, 1956, #401
Sambung:-

Pèngêtan Lêlampahan Dalêm K. R. A. Sosrodiningrat IV

--- 0 ---

Kaandharakên dening: K.R.M.H. Wuryaningrat ing Surakarta

Amarêngi wilujêngan kol tumbuk 32 taun ing dintên Akad Lêgi 6 Bêsar Dal 1887 utawi kaping 15 Juli 1956.

--- 1 ---

Para kulawarga darah Sasradiningrat IV !

Kula bingah sangêt, dene panjênêngan sadaya sagêd kêmpal wontên ing ngriki, kalêrês wilujêngan kolipun sawarga bapak K.R.A. Sosrodiningrat IV, tumbuk 32 taun.

Sabab saking kawontênan badan, kula botên sagêd dhatêng piyambak, amung ngaturi panjurung riwayatipun sawarga bapak.

Riwayat punika mbotên amung kula sumêrêpi piyambak, nanging ugi ingkang kula mirêngi saking kiwa têngên.

Anggèn kula ngandharakên wau, mbotên sanès murih panjênêngan sadaya pariksa.

Kula pêndhêt ingkang wigatos-wigatos kemawon, supados mbotên ngandhar-andhar ngêndhukur.

Sawarga bapak punika putranipun Pak Gêdhe K.R.A. Sosronagoro (Kangjêng Riddêr) sumare ing Manang, ingkang nalika wulan Siam kapêngkêr dipun koli wontên ing Kalitan, tumbuk 64 taun.

Sadhèrèkipun bapak sadaya wontên

--- 2 ---

12, bapak dhawah nomêr 10.

Asmanipun timur R.M. Saliman, dene parabanipun R.M. Jombo.

Wiyosanipun Akad Wage kaping 7 Rêjêb taun Dal 1775, mangsa Sadha, wuku Landêp utawi kaping 20 Juni 1847.

Nalika yuswa 2 taun dipun êmpèngi (dipun sêsêpi) saha kapundhut putra Kg. Ratu Kancana, pramèswari dalêm I.S.P.B. VII, ingkang ibu Kg. Ratu Pambayun.

Sasedanipun Kg. Ratu Kêncana, bapak yuswa 6 taun, lajêng kapundhut putra K.P.H. Kusumadilogo, ingkang misuwur padhalanganipun.

Sarêng yuswa 12 taun, manakawan ing karaton, lajêng kakarsakakên nglurahi abdi panakawan sêkar kêdhatonan, ingkang kanamakakên panakawan rêcaci.

Ing taun Wawu 1793 kapatêdhan asma R.M.P. Wuryaningrat.

Kacariyos bapak nate nyambut damêl, nyambi, wontên ing Mangkunagaran, dados bibliothecaris, inggih punika nalika K.G.P.A.A. Mangkunagoro IV.

--- 3 ---

Ing dintên Sênèn Wage kaping 2 Sapar taun Jimawal 1797 bapak kakarsakakên Kaliwon Gladhag, asma R.M.Ng. Jayasudirjo.

Dintên Kêmis Wage kaping 10 Rabingulakir taun Be 1800, kakarsakakên dados kaliwon agêng, asma R.M.Ng. Purwonagoro.

Nunggil ing taun wau bapak mundhut garwa ampeyan nama Radèn Sumarsih.

Ing dintên Kêmis Lêgi kaping 4 Dulkangidah taun Ehe 1804 kakarsakakên dados bupati bumi gêdhe, asma R.M.T. Purwonagoro.

Dintên Kêmis Kliwon kaping 4 Bêsar taun Je 1806 kapatêdhan tariman B.R.Ay. Saparintên, putri dalêm I.S.P.B. IX.

Ing dintên Sênèn Wage kaping 20 Jumadilakir taun Je 1814 kakarsakakên dados bupati kaparak têngên, asma R.M.T. Purwodiningrat.

Dintên Sênèn Lêgi kaping 29 Rabingulakir taun Alip 1819 utawi kaping 23 Dhesèmbêr 1889 kakarsakakên makili pêpatih dalêm.

Ing dintên Sênèn Lêgi kaping 9

--- 4 ---

Sura taun Ehe 1820 utawi kaping 25 Agustus 1890 kakarsakakên têtêp dados pêpatih dalêm, asma K.R.A. Sosrodiningrat.

Dintên Sênèn Wage kaping 20 Jumadilakir taun Je 1846 utawi kaping 24 April 1916 kaparêngakên panyuwunipun lèrèh, lajêng dêdalêm wontên ing Karanggênêng Boyolali.

Salasa Wage kaping 8 Sapar taun Dal 1847 pindhah saking Karanggênêng dhumatêng dhukuh Kleca, kanamakakên Ngèndraprastha.

Putranipun bapak saking garwa ampeyan 4, saking garwa 7.

Naminipun alit putra-putra wau, dados kêmbang lambe, saha kangge têmbang dolanan lare-lare.

Nani, Nano, Sudinah, Sudarinah, Mariyanah, Sahir, Kabir, Mariyati, Saparman, Sapardi, Saparas ora duwe adhi.

1. R.Ay. Winarni asmanipun sêpuh R.Ay. Rêksosudiro

2. R.M. Winarno asmanipun sêpuh K.P.H.A. Joyonagoro

--- 5 ---

3. R.Ay. Sudinah asmanipun sêpuh R.Ay. Kartodipuro

4. R.Ay. Sudarinah asmanipun sêpuh R.Ay. Tondhonagoro

5. R.Ay. Mariyanah asmanipun sêpuh R.Ay. Puspodiningrat

6. R.M. Sahir asmanipun sêpun R.M.Ng. Atmosugondo

7. R.M. Kabir asmanipun sêpuh K.R.M.H. Purwonagoro

8. R.Ay. Mariyati asmanipun sêpuh Kg. Ratu Kêncono

9. R.M. Saparman asmanipun sêpuh R.M.H. Rojodipuro

10. R.M. Sapardi asmanipun sêpuh R.M.H. Jayaningrat

11. R.M. Saparas asmanipun sêpuh K.R.M.H. Wuryaningrat

Nalika jumênêng pêpatih dalêm kathah yayasan saha lêlabêtanipun, nêtêpi paribasan warangka manjing ing curiga, tansah nggalih dhatêng kamajênganing nagari saha kawula/rakyat.

1. Yasa taman Sriwêdari, kangge papan kêsênganingkêsênênganing. kawula / rakyat

--- 6 ---

2. Yasa Museum Radyapustaka, kangge papan marsudi saha ngajêngakên kawruhipun kawula/rakyat, amargi Surakarta punika sumbêring kêbudayaan.

3. Yasa griya sakit Pantiroga (kliniek Kadipolo) kangge ngopèni santana, abdi dalêm saha kawula/rakyat ingkang sakit.

4. Yasa apotheek Pantihusodo, papan kangge tumbas jampi kanthi mirah; suwau manggèn wontên sangajêng bètèng, sarêng griya sakit saya agêng, lajêng kapindhah dhatêng Kadipolo.

5. Ing kaondêran-kaondêran dipun paringi dhoktêr-dhoktêr saha polikliniek-polikliniek kangge ngajêngakên kasarasaning kawula/rakyat.

6. Yasa griya miskin Wangkung, kangge ngopèni tiyang-tiyang ingkang papariman saha lare-lare ingkang mbotên kopèn; ing ngriku sami dipun sinau, sagêdipun migunani kangge masyarakat.

7. Yasa societeit Habiproya, kangge nyupêkêtakên para abdi dalêm.

8. Yasa radinan-radinan saha krêtêk-krêtêk

--- 7 ---

kangge ngajêngakên sêsambêtanipun kitha-kitha saha dhusun-dhusun, ingkang salajêngipun nggampilakên pangupa boga saha dêdagangan, ugi ngrakêtakên pasadherekanipun para pêndhudhuk

9. Yasa lambang (wapên) nagari dalêm

10. Yasa bintang Srinugraha, Srikabadya spn

11. Dandosi mêsjid Agêng, gapura, pancuran kangge wulu sasaminipun murih katingal asri

12. Ngêdêgakên sêkolah-sêkolah Mambangul ulum, inggih punika sêkolahan agami Islam, amargi panjênêngan dalêm nata punika sêsêbutanipun panatagama

13. Dandosi wêdhèn saha tratag sitinggil kados wujud sapunika

14. Dandosi kêpatihan, dipun marmêr, supados katingal asri, ngantos para insinyur ahli sêni, nyariyosakên, mbotên wontên pandhapi ingkang sae saha artistiek ngungkuli pandhapi kêpatihan

15. Ngajêngakên padhalangan, karawitan, kasusastran saha têmbang; manawi ringgitan, awêwaton Pustaka

--- 8 ---

Raja, kaurutakên

16. Ngisèni têtêmbungan, wangsalan sasaminipun, tumrap ing sindhènan talèdhèk

17. Nggêsangakên santiswaran, inggih punika kêndhang saha têrbang, kawêwahan bawa Sêkar Agêng, murih mbotên ical Sêkar Agêng wau. Panggalihanipun, tiyang-tiyang ingkang mbotên gadhah, bilih sênêng-sênêng, gadhah damêl spn. sagêda têtabuhan kanthi sêkêdhik wragadipun

18. Nggêsangakên kêthoprak cara lami, inggih punika lêsungan mawi jogèd cara ndhusun. Gêndhingipun sawatawis kathah, ingkang kula èngêti kutut manggung, pangantèn anyar, randha sênthuk-sênthuk spn.

Bapak punika kajawi ngêrtos dhatêng kasusastran, ugi sagêd gêndhing-gêndhing

Para kulawarga darah Sosrodiningratan IV

Sadaya wau kacakapanipun bapak nalika jumênêng pêpatih dalêm. Sapunika kula ngandharakên karibêdan-karibêdanipun.

1. Pasarean dalah bumi Sela dipun [di...]

--- 9 ---

[...pun] têdha Gupêrnêmèn Wlandi. Bapak saha I.S.P.B. IX kêncêng mbotên parêng, lêstantun wontên panguwaos dalêm

2. Pasarean Kitha Agêng kabêsmèn (kobongan). Bapak susah sangêt, amargi punika kirang prayogi kagêm nagari dalêm. Mila inggih enggal-enggal dipun mulyakakên. Nalika wiwit dipun dandosi, bapak rawuh nitih sêpur saking Balapan, mandhap Lêmpuyangan Ngayogya, lajêng nitih kapal (jaran) kadhèrèkakên para bupati, bupati anom, panèwu saha mantri ingkang gadhah kapal, sami kapalan sadaya. Sasampunipun pasang "batu pêrtama" lajêng dhahar wontên ing mêsjid pasarean, dhahar kêmbul kalihan pêpatih dalêm saha bupati-bupati Ngayogya

Sarêng sampun rampung anggènipun ndandosi, bapak rawuh malih, nitih sêpur saking Balapan, mandhap Tugu Ngayogya, dipun pêthuk kreta saking kraton Ngayogya, salajêngipun sêsêrangênasêsarêngan. kalihan pêpatih dalêm saha bupati Ngayogyakarta tindak dhatêng Kitha Agêng. Ingkang ndhèrèk bapak saking Surakarta namung bupati-bupati saha bupati anom-anom. Sarampungipun dhahar kêmbul wontên ing kêpatihan Danurêjan [Danurê...]

--- 10 ---

[...jan] kalihan para prayagung Kasultanan Ngayogyakarta

3. Pêngadilan dalêm dipun têdha Gupêrnêmèn Wlandi. Bapak dipun sowani warga 2e kamêr nama van Kol saking partij Socialist, dipun susunisuwuni. katrangan, kadospundi mênggah panggalihanipun tumrap pangadilan wau

Wangsulanipun bapak: "Yèn kaya karêpe Parentah Walanda kuwi, jênênge ora nata, nanging ngêpèk! angka kang bêcik lan nyênêngakê ati kuwi nata, sawise ditata, kudu bali mênyang kang duwe manèh"

Rêmbagipun rame sangêt, ngantos bapak dipun timbali gupêrnur jêndral dhatêng Jakarta.

Cariyosipun gupêrnur jêndêral: "Yèn kowe nggondhèli pêngadilan kuwi jênênge kowe mbangkang". Salajêngipun ndêdahakên sêrat dalêm ingkang sinuhun ingkang kabêkta Rêsidèn Surakarta, ingkang nyêbatakên bilih I.S. sampun rila

Wangsulanipun bapak: "Aku kuwi ora mbangkang, mung ngusulake murih bêcike. Ewadene yèn I.S. wis marêngake, mêsthine aku iya ora bisa nggondhèli manèh". Mila pêngadilan

--- 11 ---

lajêng kacêpêng gupêrnêmèn

4. Makatên ugi bab pêgadaian saha kêhutanan dipun têdha Wlandi. Amung sarèhne bapak saha ingkang sinuhun kêncêng mbotên marêngakên, lêstantun wontên panguwaos dalêm

5. Bapak punika pancèn mbotên rêmên ngêndika panjang-panjang, langkung-langkung pidhato awis-awis sangêt, prasasat mbotên nate. Manawi ngêndika cêkak aos, tur alon, kados ingkang sampun kula aturakên bab pêngadilan saha nalika parêpatan kalihan para ondêrnêming-ondêrnêming, ingkang dipun pandhegani Rêsidhèn Surakarta

Wosipun para ondêrnêming wau nêdha mbotên mbayar bêkti dhatêng patuh-patuh sarta panguwaosipun para patuh kaliyêrna dhatêng ondêrnêming-ondêrnêming

Wangsulanipun bapak: "Yèn kaya karêpmu ngono kuwi, têgêse nyuda panguwasa, ora mung mênyang patuh kang nggadhuh lêmah-lêmah wae, nanging bêbanjurane iya mênyang nagara. Awit saka iku, yèn ondêrnêming-ondêrnêming pancèn ora kuwat panggaotane, balèkna wae ta mênyang abdi dalêm-abdi dalêm kang nggadhuh bumi-bumi " Kacariyos para ondêrnêming mbotên sagêd nginggahi, salajêngipun

--- 12 ---

pikajêngipun mbotên dipun têrusakên

Rêridhu ingkang alit-alit inggih wontên, kados ta:

1. Dipun awisi anggènipun sabên wulan ngwontênakên rêsèpsi, amargi mêjahi societeit

Awisan punika dipun pituruti, salajêngipun namung kala-kala dipun wontêni rêsèpsi ing kapatihan

2. Dipun awisi Klênengan, amargi punika nama kêsênêngan. Awisan wau ndadosakên panggalihanipun bapak. Ngêndikanipun dhatêng kula: "Piye ta, klênengan kuwi kanggo aku dudu kêsênêngan, amarga aku ora undang-undang, tak rungokake dhewe. Kêrêp entukku panêmu-panêmu kuwi sajrone ngrungokakê klênengan". Punika mbokmanawi saking hênêng, panggalih lajêng êning, sagêd nampi sasmita-sasmita. Awisan klênengan wau mbotên dipun pituruti

3. Nate bapak wontên ing pasamuwan karaton, nuju lênggah pista ing drawina, mbanting bintangipun oranyê nassau. Mênggah sababipun, adatipun bilih ngunjuk kundhisi (toast), pungkasanipun nyêbut wilujêngipun

--- 13 ---

pêpatih dalêm saha bupati-bupati, pokokipun wilujêngipun Surakarta. Punika dipun icali. Kagalih mbotên wontên pigunanipun tampi bintang. Jumênêng Patih 25 taun sawêg tampi bintang, tur namung oranyê nassau

Sapunika kaistimêwaanipun bapak

1. Wiwit timur mila pancèn sampun dipun bêthèk, badhe dados luhur. Sarêng jumênêng pêpatih dalêm katingal sangêt kaluhuranipun, ngantos dipun parabi ratu jaba

2. Kg. Ratu Kancana punika sampun yuswa, nanging sarêng ngêmpèngi (nêsêpi) bapak, toyanipun sêsêpan (toya susu) mêdal malih

3. Nalika jumênêng pêpatih dalêm nate gêrah sangêt, ingkang nggarap dhoktêr Heyman sarta R.T. Mangunhusada (Rajiman)

a. Pinuju sêkatèn, dalu-dalu bapak sarean, mirêng gangsa sêkatèn. Dalu punika ugi utusan abdi kapatihan, ndawuhakên dhatêng dêmang niyaga, bilih kêmongipun Kyai Sêkati pêcah, amargi larasipun blero

Sasampunipun katiti, dêmang niyaga [ni...]

--- 14 ---

[...yaga] matur, bilih kêmong mbotên bênthèt utawi pêcah. Dhawuhipun bapak "Ora ta, sesuk yèn wis padhang kon nyêtitèkake manèh". Saèstu siyangipun, sarêng dipun pariksa, kêmong pancèn bênthèt

b. Ugi dhawuh dhatêng kula: "Aku durung gêlêm mati, isih nyuwun urip nganti sak sedane Kg. Ratu Pambayun sarta aku bisa malakramakake putuku R.Ay. Kuspariyah", ingkang sapunika asma G.Kg. Ratu P.B. XI. Punika wayah, putranipun R.Ay. Puspodiningrat, wiwit timur mila dipun pundhut putra

Panuwunipun bapak wau kaparêngakên dening Gusti ingkang murbèng gêsang lajêng sênggang

4. Sarêng G.Kg. Ratu Pambayun sampun seda, R.Ay. Kuspariyah krama angsal B.P.H. Angabèhi, kalêrês ing wulan Bêsar taun Je, lajêng wulanipun Rêjêb taun Dal, nuju lênggahan wiyosan tumbuk têtêp 80 taun, kaadhêp putra wayah, bapak ngêndika: "Aku kok wis sayah urip ana donya. Kowe kabèh padha sumurupa."

Ing dintên Akad Lêgi kaping 6 Bêsar taun Dal 1855 wanci jam

--- 15 ---

4.30 sontên, bapak seda, jalaran gêrah bêntèr 4 dintên, dumugi yuswa 80 taun 5 wulan

Bidhaling layon Salasa Pon kaping 8 Bêsar taun Dal 1855 sumare ing Imagiri

Para Kulawarga darah Sosrodiningratan IV !

Dados wilujêngan kol ingkang dipun adani dening G.K.R. P.B. XI sêsarêngan kalihan panjênêngan sadaya, ing dintên Akad Lêgi kaping 6 Bêsar taun Dal 1887 punika, mèngêti tumbuk 32 taun saking sedanipun sawarga bapak.

Makatên wau inggih kalêbêt adat, tatacaraning bangsa kita. Amargi têdhak-turun/kêturunan, mbotên sagêd/mbotên kenging dipun selaki.

Gusti ingkang murbèng gêsang nitahakên kula dados manungsa, jalaran lantaranipun, inggih punika rama ibu kula, inggih manungsa.

Kajawi punika miturut kawruh kita, para lêluhur ingkang sampun sawarga, tansah kêparêng ngayomi dhatêng putra wayahipun ingkang taksih [tak...]

--- 16 ---

[...sih] wontên ing alam donya. Mila kita wajib tansah èngêt dhatêng ingkang nurunakên saha Gusti ingkang murbèng gêsang.

Tiyang ingkang rêmên/olah kêbatinan, langkung-langkung para ahli, sampun têmtu mbotên purun/mbotên sagêd nyelaki kêturunan, amargi punika kalêbêt pokok. Dados manawi tumindak nyelaki kêturunan, kenging dipun pêsthèkakên tiyang ingkang dèrèng/mbotên mangêrtos dhatêng pokoking ngagêsang, sanadyan piyambakipun ngakên olah kêbatinan, ahli kêbatinan, ngêrtos dhatêng falsafah hidup sêsaminipun.

Murih pangayomanipun para lêluhur sagêd tulus saha kita sagêd cêlak kalihan ingkang nurunakên, kita kêdah mbudidaya utawi "bêrusaha" nggampilakên utawi "mêlancarkan" sêsambêtanipun.

Wondene caranipun, ngangge/ngrasuk watak-wantunipun para ingkang sampun sawarga.

Awit saking punika, kula rumaos wajib ngandharakên wasiyat piwulangipun bapak, ingkang dipun ngêndikakakên wontên ing sangajêngipun para

--- 17 ---

putra, dhatêng panjênêngan sadaya.

Mênggah ungêl-ungêlanipun makatên:

1. kang padha rukun, bisaa mêndhêm jêro mikul dhuwur

2. guna, ing wajib, têtêp rahayu

Wasiyat piwulang ingkang angka 1, punika sampun kalimrah, piwêlingipun para sêpuh dhatêng ingkang sami badhe dipun tilar

Mênggah têgêsipun, sami kadhawuhan gêsang rukun, nêbihana jail-jinail, panastèn sasaminipun, saha sagêda tansah ngluhurakên asmanipun ingkang nurunakên, sampun ngantos dhawah kosok wangsul

Wasiat piwulang angka 2, punika istimewa. Panampi kula, piwulang wau gadhah pikajêngan warni kalih:

a. guna, ing wajib = maedahi dhatêng kuwajibanipun

b. guna ing wajib = pintêr ing kuwajibanipun

a tuwin b mbotên kenging nyulayani pikajêng rahayu, amargi bilih

--- 18 ---

mlèncèng saking karahayon, wusananipun utawi pungkasanipun têmtu dhawah kirang prayogi

Dene ingkang dipun wastani rahayu punika, majêng (mêncapai kêmajuan utawi fooruitgang) kanthi wilujêng ing sadayanipun, mbotên utawi sanès kawilujênganipun piyambak kemawon.

Dados panampi kula, piwulang angka 2 punika, têgêsipun: "udinên, supaya kowe maedahi mênyang kuwajibanmu" utawi "kang pintêr ing kuwajibanmu" sarta "aja nyulayani sêdya rahayu"

Wêtahipun: "Udinên, supaya kowe maedahi mênyang kuwajibanmu" utawi "kang pintêr ing kuwajibanmu, loro mau ora kêna nyulayani sêdya rahayu".

Mbokmanawi cêkap samantên andharan kula. Pangajêng-ajêng kula,

--- 19 ---

sagêda panjênêngan sadaya ngangge/ngrasuk wasiyat piwulangipun bapak, sak mbotên-mbotênipun tansah èngêt sarta mbudidaya rumasukipun ing balung-sungsum utawi "mênjadi darah-daging", dadosa tandha-bukti utawi "kenmerk" -ipun kulawarga darah Sosrodiningratan IV.

Nyarêngi dintên kol tumbuk 32 taun punika, pamuji panyuwun kula dhatêng Gusti ingkang Maha Agung sarta ingkang sampun sawarga, mugi-mugi pangayoman-pangayoman ingkang kaparingakên dhatêng kita sadaya, lêstari, tulus tan kêna tinêgor.

Sapunika mugi nglajêngna lêlênggahan sinambi ngunjuk saha dhahar sak wontênipun, minangka barkahipun ingkang sampun Sawarga.

--- 0 ---

Distensil oleh: STENSIL "KAHA" SOLO