Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sèh Jangkung, Sumaatmaka, 1931, #1816 (Pupuh 01-12)

Katalog:Sèh Jangkung, Sumaatmaka, 1931, #1816
Sambung:
1.Sèh Jangkung, Sumaatmaka, 1931, #1816 (Pupuh 01-12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #945.
2.Sèh Jangkung, Sumaatmaka, 1931, #1816 (Pupuh 13-26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Riwayat dan Perjalanan #946.

Serie No. 559 ... f 0.70

Sèh Jangkung

Inggih cariyos Kêbo Landhoh cariyos kina, kawangun dening Radèn Mas Ngabèi Sumahatmaka.

Bale Pustaka, Batawi Sèntrêm."

--- [1] ---

Serie No. 559.

Cariyosipun Sèh Jangkung

Panêmbahan ing dhusun Landhoh, ingkang kagungan kalangênan maesa lawung, wacucalipun kangge srananing kaprawiran, kasêbat Maesa Landhoh.

Kawangun dening Radèn Mas Ngabèi Sumahatmaka.

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut bab 11 ing anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

Bale Pustaka - 1931 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Bêbuka

Sampun watawis lami kula nate mirêng têtiyang sami kenging balithuk pandamêlipun tiyang culika, sarana wade wacucaling Maesa Landhoh, minôngka sarananing kadigdayan. Ngantos pintên-pintên tiyang kenging apus makatên wau, ing pasisir sanadyan ing Surakarta ugi. Wêkasan saking pamurinaning parentah, ingkang sade sarat makatên wau têtela ngapusi, lajêng kacêpêng kapatrapan pidana.

Miturut kathahing tiyang ingkang purun tumbas wau, dados sampun cêtha bilih tiyang Jawi taksih ngèsthi kadigdayan saha pitados dhatêng sarana, mila gampil kabalithuk.

Wusana saking kuncaraning pocapan bab dayaning wacucal Maesa Landhoh wau, sanadyan dados awisaning nagari, mêksa taksih kathah ingkang ngupados. Awit saking punika anuwuhakên cipta kula ngudi cacriyosanipun ing kina, kadospundi purwanipun wontên piandêl makatên tuwin maratah dados pangayam-ayaming tiyang dumugi jaman sapunika.

Dumadakan pangèsthi kula ingkang makatên wau kasêmbadan, sagêd angsal sêrat ingkang nyariyosakên Maesa Landhoh wau, asli saking nagari Pathi, amung kuciwanipun sêrat wau

--- 3 ---

sampun pogog, botên mawi purwaka tuwin sarasilahipun, punapa malih têmbung ukaranipun cara pasisir jaman kina, ingkang kula anggêp kangge jaman sapunika tumrapipun ing Surakarta angodhêngakên. Pramila sasampuning kula sinau (waspaosakên) lajêng kula dhapuk cara Surakarta, têmbungipun karuntutakên uruting cariyosipun, murih damêl sêngsêm saha dhamangipun para maos. Ewadèntên sarèhning kula rumaos sanès paramèng Kawi, saha mardawèng Kakawin, inggih amung sakadaring acubluk kemawon, botên langkung mêmalar sihipun para maos mugi kaparênga anjêmbarakên panggalih paring aksama, manawi karaos panggalih cuwa ing pamaosipun.

Surakarta, 3-7-1930.

Sumahatmaka.

--- [4] ---

Purwaka

Aluranipun nagari Pathi, ing kinanipun winastan nagari Pasantênan, têlênging kitha, ing mangke winastan dhusun Kêmiri, sawetaning kitha Pathi sapunika, cakêt. Wiwitipun dados kitha kala jaman karaton Pajang, kaganjarakên dhatêng Kyai Panjawi, sêsarêngan nagari Mantaram, kaganjarakên dhatêng Kyai Agêng Pamanahan, nalika sagêd ngêntasi yuda prang mêjahi Arya Jipang (kawrat babad).

Kala jaman samantên nagari Kudus, asring kasêbat nagari Padusan, utawi Pasiraman.

Ingkang môngka purwakaning cariyos dhusun Miyana, kaprênah salèr wetaning kitha Pathi, samangke kalêbêt wawêngkon dhistrik Tayu. 2. Ing dhusun Landhoh, prênah sakidul kilèning kitha Pathi jajahan dhistrik Kayên, ing kina nama Cêngkalsèwu (angèngêtana Sêrat Cêmporèt).

--- [5] ---

1. Dhandhanggula

1. dyan winarna wêdharing mêmanis | mastuti rèh wimbaning ukara | ngajab jumujur kajate | berawaning pangawruh | isarating dènnya marsudi | supadi tan sangsaya | mêmalat mrih ayu | atanapi mrih aksama | maring sagung kang kasdu mulat ing tulis | Kakawining kintaka ||

2. duk manitra panuju ing ari | Kêmis Paing tanggal kaping lima | wulan Sapar tumanggape | warsa Jimawalipun | ingkang windu Sancaya kèksi | sinêngkalan kang warsa | môngka pèngêtipun | nunggal rasa ngèsthi gêsang |Sengkalan: nunggal rasa ngèsthi gêsang (Kêmis Paing, 5 Sapar 1861 A.J., Kamis, 3 Juli 1930 A.D.). sajatining gêsang ing awal lan akir | pinusthi ing wardaya ||

3. mèt sarana utamèng dumadi | karya suka pirênèng sasama | makatên wau antêpe | marma marsudèng kawruh | amêmayu ayuning bumi | mamrih rahayunira | sagunging tumuwuh | rinêksa saking wêwarah | dêdunungan kawruh utamaning urip | rumêksaning bêbaya ||

4. drênging cipta dènira marsudi | mrih carita lêlakoning kuna | kang tuhu ana kadadèn | tinulad tuladha wus | kuna-kuna prapta samangkin | tan tinggal kang lupiya | ywa kongsi kalèru | purwa madya lan wasana | dêdalaning lêlakon mamrih basuki | tan lyan prayitnèng driya ||

5. ambêg santa paramartèng budi | budayaning sêdya mrih utama | andhap asor ing tanduke | datan kêdah gumunggung | analôngsa maring [ma...]

--- 6 ---

[...ring] Hyang Widhi | among miwah rumêksa | maring janma sagung | pirabara têtulunga | kacingkrangan lair batine sakèhing | janma mudha lan papa ||

6. kawuwusa caritaning nguni | jamanira karaton Mataram | duk nuju ing jumênênge | Sang Prabu Sultan Agung | kang ngadhaton nagri Mantawis | anèng caritanira | têdhaking aluhung | dhêdhukuh desa Miyana | kakang adhi kang sêpuh dadya pawèstri | wahdat datanpa krama ||

7. mung sinêbut Miyana Nyiai | kang taruna priya parabira | Sèh Jangkung wus krama mangke | pêputra juga jalu | sinung wasta Momok kang siwi | garwa kadang priyôngga | Pakeringan dhusun | tan lami garwa palastra | duk wayahe Ki Jaka Momok sinapih | karya sungkawèng driya ||

8. saking sruning duhkita ing galih | putranira tinilar lêlana | mring bakyu tinitipake | mangetan purugipun | mung ambêkta pêksi satunggil | kitiran kang rinênan | milalu ngalangut | gangsal wulan laminira | anèng Rêmbang dènnya jajah nulya bali | tigang wulan wus prapta ||

9. sakiduling nagari ing Pathi | sêngsêm mulat anèng ngara-ara | rajakaya pangonane | kathah ingkang kadulu | lare angèn maesa sapi | sinambi dêdolanan | lawan rowangipun | kongsi bubaring pangenan | dènnya lungguh Sèh Jangkung nèng ngisor ringin | katungkul kadya nendra ||

10. munggèng sela kumalasa langking | karêrantan sajroning wardaya | èngêt sagung

--- 7 ---

lêlakone | kongsi mandhuh§ mandhuh = jêdhug. jro kalbu | dadya gambuh pamawas batin | anandhang runing driya | kacakup kawêngku | kawasa birat kang rasa | sangsaraning wardaya ingkang pinusthi | wus babar paripurna ||

11. dadya katrêm Sèh Jangkung anuli | adhêdhukuh nèng ngriku akarya | wisma lir langgar wangune | môngka salatanipun | dènnya dhukuh wau nèng pinggir | ara-ara pangonan | sinung wastanipun | dhukuh Landhoh praptèng mangkya | duk samana kèh jalma kang tumut panti | katêlah wastanira ||

12. dhusun Landhoh wus arja kèh jalmi | mung sawarsa Sèh Jangkung kèngêtan | maring kadang bok ayune | tansah supênèng dalu | lir sinêndhal-sêndhal ing galih | onêngira mring kadang | kalawan mring sunu | tan taha duk enjangira | Ki Sèh Jangkung saksana arsa têtuwi | maring dhusun Miyana ||

13. duk praptane Miyana wus lingsir | manjing kori wismanirèng kadang | katon lênggah bok ayune | dupi parêng andulu | samya kagyat tandya marpêki | agapyuk rêrangkulan | sing onênging kalbu | nahên waspa kalihira | Nyai Branjung karuna amuwus aris | dhuh yayi datan nyana ||

14. lawas têmên dènira lunga nis | tanpa warta maring raganingwang | anggung karya sumêlange | mring ngêndi sirèng dangu | ari ratri ingong mêmuji | mamrih palaling Suksma | sung nugraha tuhu | rumêksa salakunira | amanggiha cêpaka sawakul [sawa...]

--- 8 ---

[...kul] yayi | aywa manggih bêbaya ||

15. dèn sihana sapadhaning janmi | pan antuka rahayu saparan | kasêmbadan sasêdyane | kang rayi aris muwus | kasinggihan bok ayu mami | tigang warsa lêlana | atilar kang dhukuh | mung mawa pêksi kitiran | tan ngraoskên sakeca raosing kapti | anggung kalunta-lunta ||

16. tigang warsa tan tumamèng panti | rintên dalu anggung akêkadhar | datan kaoban wangone | nèng Rêmbang laminipun | mèh sawarsa kulinèng têgil | nêdha amung papriman | ing sakadaripun | nulya wangsul lampah kula | Cêngkalsèwu anjujug pangenan sapi | antuk nugrahèng Suksma ||

17. nulya wau mandhuhing tyas mami | têntrêm mungging têpining pangenan | tan ngrasa arip myang luwe | tandya kula dhêdhukuh | anèng ngriku akathah janmi | kang sami tumut wisma | karan ingkang dhukuh | Landhoh nulya karya wisma | wangun masjid môngka ngabêkti ing Widhi | yèn ratri akêkadhar ||

18. mung sawarsa tyas amba anuli | langkung onêng dhatêng ing andika | yèn liyêp kadya nèng ipèn | ing nala langkung ngungun | dadya nuli kesah têtuwi | lamun dika katrêsan | sungkawa margiyuh | etang trêsnaning kêkadang | ing samangkin wus panggih sami basuki | paraning wartanira ||

19. Nyai Branjung muwus asmu tangis | iya layak sirèku karasa | saking ciptèng ngong sangête | èsthine siyang dalu | angsung pemut marang sirèki | elinga marang putra | miwah raganingsun |

--- 9 ---

ketang kadang mung sapala | dene pêjah tanpa warta tanpa warti | marma ingong pratignya ||

20. lamun sira basuki umulih | ngong anêdya atur dhaharira | môngka nadar amêmule | mring jêng nabi ya rasul | miwah kirim donga sakwèhning | para lêluhur samya | kang wus anèng kubur | mulih marang kramatollah | de ing mangkya sira wus prapta basuki | sêdya sun lampahana ||

21. lawan aja lunga-lunga yayi | amuliha mring wismanta lama | aluwaris kèh kalonge | Dipati Pathi lampus | Ki Sèh Jangkung manglipur aris | inggih wus karsèng Allah | pasthinira puput | sagung gêsang gya palastra | datan parlu rinasa anggung prihatin | pasrahna mring Pangeran ||

22. tan kawarna laminira nuli | Nyai Branjung anêkani nadar | dènira karsa mêmule | amragat mesa wêdhus | miwah kathah ingkang dhatêngi | janma suruhanira | sidhêkahnya langkung | dènira karya panadar | wong Miyana kawratan sadaya sami | kalangkung sukanira ||

23. ing antara sawarsa winilis | antukira Ki Sèh Jangkung nulya | pamitan maring kadange | lamun arsa gêguru | marang Kudus ingkang pinusthi | langkung pamêksanira | tan kêna sinayut | dadya linilan ing raka | nulya mangkat datan winarna ing marga |Guru lagu seharusnya: nulya mangkat datan winarna ing margi. prapta Kudus samana ||

24. Pangran Kudus kasusra ing janmi | têdhakira Sunan Kudus kuna | darah Jêng Sunan ing Ngampèl- | Gadhing ingkang misuwur | Sunan Kudus ingkang linuwih | parampara ing Dêmak | prênah ipe prabu | tumêrahing [tu...]

--- 10 ---

[...mêrahing] putra wayah | mung sinêbut Pangeran Kudus nagari | maksih nêdhêng taruna ||

2. Sinom

1. Ki Sèh Jangkung praptèng ngarsa | sadhepok dènira linggih | nunggal para santri kathah | jêng pangran awas umèksi | tandya tinanya aris | lah ta sapa nêmbe rawuh | jêbèng saparanira | miwah wismanta ing ngêndi | baya ana ingkang sinêdya ing karsa ||

2. Sèh Jangkung alon turira | mabukuh sarwi wotsari | pukulun dangu kawula | saking dhusun Landhoh gusti | pun Jangkung ingkang nami | lamun wontên kasdu nyêbut | marma amba sumewa | nèng ngarsa paduka gusti | bilih karsa kawula yun puruita ||

3. Pangeran Kudus ngandika | sun tampani sira mangkin | lamun sira atêmêna | madhêp mantêp tyasmu kaki | mara kumpula dhingin | lawan santri akèh iku | mèlua ngaji sira | Sèh Jangkung aturira ris | gih sandika punapa dhawuh paduka ||

4. Sèh Jangkung pan sampun kêmpal | lawan santri kathah sami | nambut karya sabên dina | amung datan milu ngaji | karyanya sabên ari | ngisèni padasanipun | sawarsa laminira | Sèh Jangkung nèng Kudus nênggih | karyanira amung ngisèni padasan ||

5. bangun enjang wayahira | Sèh Jangkung sampun atangi | bubare ngangsu padasan | anulya tawu nèng kali | kalèn pacêrèn alit | Pangran Kudus muwus sêndhu | hèh santri Landhoh sira | apa kurang karya mangkin | esuk-esuk têka atawu kalenan ||

6. apa [a...]

--- 11 ---

[...pa] ta ana ulamnya | Sèh Jangkung aturira ris | pukulun sagunging toya | mèsi ulam kang sayêkti | Pangeran Kudus aglis | mariksa padasanipun | gênthong sanga cacahnya | kinèn sami mariksani | samya isi ulam bêthik siji sewang ||

7. anulya mundhut wantingan | sakawan cumaos ngarsi | wus sami ingisèn toya | nulya pinêcah kang kêndhi | sadaya sami isi | wadêr pari kang tinêmu | Pangran Kudus sru merang | kalangkung dukaning galih | nulya mundhut bêbokor kang isi toya ||

8. praptèng ngarsa jêng pangeran | mancolot kutuke mijil | kolèt-kolèt anèng ngarsa | wimbuh gumrêgêting galih | anulya nuduh santri | kinèn amèt dêgan sampun | sajuga pinarasan | sampun cumaos ing ngarsi | gya pinêcah ing jêro anèng badhèrnya ||

9. Pangeran Kudus saksana | sêmu rêngu muwus wêngis | mangkana andikanira | hèh jêbèng Landhoh sirèki | apa sira wus ngrêti | masalah sadat puniku | Sèh Jangkung ri saksana | tan muwus gya mènèk krambil | praptèng pupus anulya malumpat niba ||

10. lir kucing anjlog sing ngêmpyak | sarwi nêmbah matur aris | punika sadat kawula | ingkang pinêntog ing kapti | pangeran ngandika ris | dudu sadat kang kadyèku | sadat loro kalimah | ashadu allah ilahi | lailalah muhamadun rasulollah ||

11. Sèh Jangkung alon turira | lamun makatêna gusti |

--- 12 ---

duk alit amba wus pana | dununging sadat puniki | amba tan ngudi malih | sadat kang amung winuwus | sadat nyata prasêtya | maring Allah kang sayêkti | tan was-uwas gêsang praptaning dêlahan ||

12. jêng pangran osik ing driya | wong iki wus angungkuli | iya marang jênêng ingwang | barang ciptanira dadi | arsangguru mring mami | kalairan bae iku | apa kang dèn gurokna | wong iki bakal ngungkuli | marang ingwang ya bêcik ingsun tundhunga ||

13. Pangeran Kudus ngandika | jêbèng Landhoh sira iki | ingsun durung bisa mêjang | ya sira muliha dhingin | yèn wus pinaring osik | sira balia mring Kudus | Sèh Jangkung aturira | inggih sandika jêng kyai | Ki Sèh Jangkung apamit lèngsèr sing ngarsa ||

14. mangkana osiking nalar | Sèh Jangkung tan arsa mulih | sarêng dalu wayahira | wangsul nêdya tapa mungging | Sèh Jangkung malêbu glis | anèng jro jumblêng puniku | tan ana janma wikan | kongsi sawarsa kang lami | duk samana marêngi jam pitu enjang ||

15. tan kocap ing namanira | sêlirnya pangeran nênggih | mring jumblêng arsa têtoya | tan wêruh yèn ana janmi | marma tan wigah-wigih | ya ta kang tapa nèng ngriku | Sèh Jangkung mèsêm mulat | saking jêro jumblêng nglikik | kang têtoya kagyat mentar wara-wara ||

16. sigra matur sanalika | mring jêng pangran atur uning | yèn jro jumblêng anèng jalma | jêng pangran nulya agipih | amêpak para santri | pra santana punggawa nung | angêpung jumblêngira |

--- 13 ---

mawa dêdamêling jurit | tumbak pênthung curiga liniga samya ||

17. tan siwah lumurug ing prang | jumblêng wus kinêpung pipit | rame swaranirèng janma | samya sêsumbar sing jawi | Sèh Jangkung duk miyarsi | gya mijil angga galuprut | tan katon warnanira | sirah kongsi praptèng sikil | warni tinja singgate gogrog sadaya ||

18. kang ngêpung sru kamigilan | tan ana tahan ningali | bubar pêdhot pangêpungnya | girap-girap kang ningali | mutah-mutah macicil | Sèh Jangkung nulya lumayu | mangulon lampahira | narajang pasar anggêndring | karya gègèr wong sapasar kitrang-kitrang ||

19. singa wau kang kapapag | playune wong gubras tai | bubar buyar wong sapasar | atinggal sadean sami | babêktan tan tinolih | kaplayu anumbuk bêntus | singgat sagagang-gagang | mawut-mawut turut margi | kamigilan kang miyat niba gulungan ||

20. ingkang tan tahan tumingal | samya bungah-bungah saking | ênêk tumingal warnanya | marang wong galuprut tai | Sèh Jangkung dèn tututi | para santana ing Kudus | para santri sadaya | mawa dêdamêling jurit | praptèng dhukuh Sèh Jangkung dhêlik nèng wangan ||

21. tan ana ingkang uninga | dènira nyalimpêt wêrit | samana kang buru samya | plingak-plinguk angulati | klithihan angulari | katêlah ing wastanipun | dhusun Klithèh ing mangkya | makatên purwaning nguni | gya ngatingal Sèh Jangkung kêbat playunya ||

22. binujêng arsa binônda | tiyang satus [sa...]

--- 14 ---

[...tus] kang nututi | lamun têbih ingantosan | yèn cakêt lumajêng malih | duk prapta sakilèning | nagri Dêmak dènnya bujung | dadya bubar sadaya | wit sayah kang bujêng sami | ingkang dhusun wasta Buyaran samangkya ||

23. makatên pèngêtanira | Panêmbahan Landhoh nguni | binuru dening wong kathah | saking ing Kudus nagari | mantri-mantri prajurit | bubar dènira ambujung | anulya kur-ungkuran | wong Kudus pan samya mulih | Ki Sèh Jangkung lèrèh anèng dhusun Gêbang ||

24. wus rêsik sariranira | duk kungkum nèng jroning kali | ing dhusun Klithèh samana | praptanirèng Gêbang dèsi | kapêthuk wong lumaris | bêkta lêgèn anèng bumbung | Sèh Jangkung sru ngrarêpa | saking ngoronge kapati | minta lêgèn sinung kalih bumbung têlas ||

25. sinung arta tigang reyal | kang darbe tan arsa tampi | amung ngesahi kewala | praptèng wisma wangsul malih | apan arsa manggihi | Ki Sèh Jangkung maksih lungguh | anèng sabin kewala | tiyang bogor ngucap aris | lah ta adhi kampira wisma kawula ||

26. Sèh Jangkung wangsulanira | langkung ing panrima mami | dika ngampirkên kawula | ananging wêktu puniki | kawula dèrèng kenging | angaup ngisoring payu | umanjing jroning wisma | bokmanawi dintên wingking | lamun dika anglarah mring badan kula ||

27. yèn wontên dhusun kang nama | inggih Landhoh pondhok mami | ing bawahe Pasantênan | Cêngkalsèwu Krajan dèsi | niku dika tiliki | Kyai Praya asru muwus |

--- 15 ---

inggih môngsa sandeya | têmtune kula tuwèni | tiyang bogor wau nama Prayaguna ||

28. Sèh Jangkung ing wuwusira | yèn dika inggih gadhahi | krambil kalih ingkang tuwa | pikantuka sampun garing | wontên damêle ugi | saksana Ki Praya wau | gadhahi badhe cikal | kathahipun kalih iji | Prayaguna mantuk mêndhêt cikalira ||

29. kalapa wus tinampenan | dhatêng Ki Sèh Jangkung nuli | anulya ungkur-ungkuran | Sèh Jangkung gya maring tasik | ambyur sagantên nuli | kanthi krambil kalih wau | kinarya têtunggangan | ginandhèng kumambang warih | Ki Sèh Jangkung kentir saparaning ombak ||

30. pan sampun datan rumasa | yèn wontên nginggiling warih | sampun pêjah raosira | supe kadya wong ngêmasi | laminira sawarsi | Sèh Jangkung nèng têngah laut | lumembang kadya sarah | kalunta-lunta nèng warih | nuli minggir nèng kramat siti Japara ||

31. Ki Sèh Jangkung nulya mêntas | anyangking krambile kalih | umulat bathang maesa | nulya lumêbu jro jisim | anèng jro bathang kongsi | kawan dasa arinipun | bathang ruwat gya mêdal | ambyur malih maring tasik | nora pisah krambil loro tinunggangan ||

32. lamun kasêntor sing wetan | mangulon kentir ing warih | kumambang kadya sêsarah | yèn saking lèr ingkang angin | mangidul dènnya kentir | sawarsa ing laminipun | samana kentirira | praptèng Palembang anggisik | nulya mêntas Sèh Jangkung nyangking krambilnya ||

--- 16 ---

3. Pangkur

1. kapungkur sabèng samodra | Ki Sèh Jangkung anuju wanci ratri | umanjing jroning kadhatun | dalême Sultan Plembang | nulya malbèng ing jumblêng ingkang jinujug | tigang wulan laminira | tan ana ingkang udani ||

2. sampun pêjah raosira | datan ngrasa yèn mambêt gônda bacin | apindha lênggah nèng babut | gandanya amrik ngambar | yèn upami mambêt gônda tenja wau | sayêkti môngsa bêtaha | raose dipun pêjahi ||

3. warnanên nagri Palembang | duk samana tinarajang ing pagring | nagari miwah ing dhusun | tan ana kaliwatan | tiyang sakit enjang sontên lajêng lampus | sakit sontên enjang pêjah | pagêblug anggêgirisi ||

4. jêng sultan langkung sungkawa | dene kathah abdine kang ngêmasi | kalangkung rudahing kalbu | atajin dhahar nendra | dyan warnanên enjang wanci pukul pitu | cèthinya Jêng Sultan Plembang | arsa têtoya anênggih ||

5. langkung kagyat duk umiyat | jroning jumblêng wontên tiyang alinggih | cèthi gita dènnya mantuk | umatur kangjêng sultan | inggih gusti kawula matur saèstu | lêbêt jumblêng wontên janma | amba waspada ningali ||

6. jêng sultan nulya dhêdhawah | kinèn ngêpung wadya ing jumblêng nuli | prajurit punggawa agung | wus angêpung sadaya | ingkang wantêr prajurit laju lumêbu | jumblêngnya sigra pinriksa | tuhu katon ingkang janmi ||

7. parentah kinèn mêdala | Ki Sèh Jangkung anulya mêdal [mê...]

--- 17 ---

[...dal] nuli | sampun ginuyang nèng sumur | balêjêt guprut tenja | gya sinungan busana salin sadarum | gya ngirit marêk ing ngarsa | tan pisah anyangking krambil ||

8. Jêng Sultan Plembang ngandika | sapa baya aranmu saking ngêndi | paran darunèng lumêbu | anèng jumblêng akarya | sônggarunggi marang abdi ngong sadarum | Sèh Jangkung alon turira | kula tiyang tanah Jawi ||

9. Sèh Jangkung nami kawula | wisma kula dhusun Miyana gusti | jêng sultan ngandika arum | apa ta kang sinêdya | manjing jumblêng baya culika ing kalbu | amasthi kêna patrapan | bakal ingsun ukum pati ||

10. Sèh Jangkung alon turira | lah sumôngga karsa paduka gusti | samana nulya na matur | mutangalim Palembang | mring jêng sultan angrêrêpa aturipun | dhuh gusti lamun marêngna | sampun angukumi pati ||

11. dhumatêng tiyang punika | praja tuwan sawêg kenging panyakit | babêndunira Hyang Agung | manawi nanggupana | mitulungi larane tiyang sadarum | jêng sultan dadya ngandika | lêrês andika kiyai ||

12. jêng sultan nulya adhawah | mring Sèh Jangkung kinèn marêk mangarsi | ingkang liningan agupuh | sultan aris ngandika | apa sira nyaguhi dadi dhêdhukun | nambani ing wadyaningwang | kabèh ingkang nandhang sakit ||

13. yèn sira maluyakêna | nora sida sira sun ukum pati | Sèh Jangkung alon turipun | sagah dèrèng kantênan | bokmanawi katrimah dening Hyang Agung | parentahing kang kawasa | mangke dalu dèn [dè...]

--- 18 ---

[...n] lêkasi ||

14. jêng sultan kondur jro pura | pra punggawa wus samya bubar sami | warnanên ing dalunipun | Sèh Jangkung andêdonga | anênuwun ing Gusti kang Maha Luhung | asalat kalih rakangat | katrimah dening Hyang Widhi ||

15. sadaya tiyang kang lara | enjangira waluya kadya nguni | nagari miwah ing dhusun | samya mulya sadaya | kangjêng sultan arêna panggalihipun | nalika tampi plapuran | nulya sineba pra mantri ||

16. Ki Sèh Jangkung munggèng ngarsa | kangjêng sultan anulya ngandika ris | lah ing mêngko karsaningsun | Sèh Jangkung ingsun ganjar | lir punagi sapa maluyakna tuhu | lêlarane prajaningwang | pasthi ingsun ganjar putri ||

17. miwah saparo nagara | ing saiki muga sira tampani | Sèh Jangkung nuhun turipun | sumôngga karsa nata | cêkakipun caritanira ing dangu | Sèh Jangkung nulya tinriman | dhaup lan putraning aji ||

18. Rêtna Diluwih kang nama | tan cinôndra warnanira sang putri | ayu sêmbada wèh wuyung | kaduk raga karana | sampun atut dènnya parakrama wau | Sèh Jangkung jumênêng sultan | nèng Palembang kang sapalih ||

19. sasampunira ginênah | Ki Sèh Jangkung anèng Palembang nagri | sataun ing laminipun | tan eca jroning driya | sabab dene dèrèng dugi lampahipun | sanadyan jumênêng sultan | pan dèrèng eca ing galih ||

20. warnanên ing dalunira | amarêngi nuju ing têngah wêngi | dyan lolos wau Sèh Jangkung | datan [da...]

--- 19 ---

[...tan] pamitan garwa | mung anggugu ing sêdya lan ciptanipun | dadya ambyur ing samodra | mung nunggang krambil kêkalih ||

21. tan kantênan tujunira | anut umbak binuncang kadya ardi | asilêman anèng ranu | cat silêm cat katingal | amung anut ilining umbak lan arus | sangang sasi laminira | nèng Crêbon nulya anggisik ||

22. yèn enjang dhedhe dharatan | lamun dalu ambyur sagara malih | krambil kalih datan kantun | byar enjang nulya mêntas | lamun wayah bêdhug anèng toya kungkum | sabên dina datan pêgat | Sèh Jangkung amindha druwis ||

23. kawuwusa kang tinilar | garwanira Sèh Jangkung anggarbini | wus prapta ing mangsanipun | babar mijil wanodya | kangjêng sultan katuran wikan gya rawuh | suka dènnya darbe wayah | samana dupi umèksi ||

24. nèng dalême putranira | nulya tanya wau dhatêng sang dèwi | dhuh ratu ingsun tan dulu | nèng ngêndi lakinira | aturipun sang rêtna sarwi wotsantun | pukulun mantu paduka | wus pitung ri dènnya anis ||

25. dalu kesah tanpa warta | nêdhêng ratri amba tinilar guling | jêng sultan ngandika arum | iku yoga sutanta | sun parabi Rara Sunthi dene nuju | sira pribadi nèng wisma | tinilar lakinta nini ||

26. lairnya bapa tan ana | môngka pèngêt wanodya mung pribadi | kang putra alon umatur | sumôngga karsa rama | ênêngêna Sultan Plembang kang winuwus | mangsuli ingkang ngalaya | Sèh Jangkung

--- 20 ---

nèng Crêbon gisik ||

4. Sinom

1. sang anom antuk sawarsa | dènira anèng gêgisik | nulya ana gara-gara | tiyang Crêbon samya sakit | sakit enjang sontên nis | sontên sakit enjang lampus | Jêng Sultan Crêbon mangkya | kalangkung sungkawèng galih | rintên dalu tan dhahar miwah tan nendra ||

2. kongsi antuk pitung dina | Sultan Cirêbon naritis | ing ratri antuk sasmita | tanpa warna kapiyarsi | hèh sultan sira aglis | biratên sungkawèng kalbu | ing gisik kene ana | sujanma amindha druwis | iya iku ingkang bisa nulakana ||

3. wong iku dèn timbalana | kinèn nambani wong sakit | amasthi bisa waluya | nanging yèn wus bisa bêcik | anakmu wadon iki | tarimakna ing wong mau | Sultan Crêbon saksana | janggirat wungu tumuli | bangun enjang jêng sultan nulya pinarak ||

4. sineba para ngulama | apan andhèr anèng ngarsi | kangjêng sultan angandika | hèh gandhèk sira sun tuding | nimbali marang druwis | kang nèng gisik gone iku | ana pinggir sagara | barênga lakumu mangkin | yèn tinanya ingsun bakal angrêsaya ||

5. gandhèk sakawan gya mentar | tan kawarna anèng margi | wus prapta pinggir sagara | ngupados kang mindha druwis | uluk salam tumuli | ingga ambal kaping têlu | Sèh Jangkung pan katingal | gandhèk matur sarwi taklim | dhuh ki sanak kawula apan dinuta ||

6. inggih jêng gusti kawula |

--- 21 ---

Sultan Crêbon kang anuding | ngaturi dhatêng sampeyan | kinèn asarênga mami | Sèh Jangkung muwus aris | insa Allah iya mèlu | Sèh Jangkung gya lumampah | gandhèk sakawan umiring | tan kawanakawarna. sampun praptèng ngarsa sultan ||

7. ngacaran lênggah satata | anulya salaman sami | Jêng Sultan Crêbon ngandika | punapa sami basuki | punapa sampun lami | gènnya wontên gisik ngriku | lan sintên ingkang nama | miwah ing pundi pêpanti | lan malihe punapa ingkang sinêdya ||

8. Sèh Jangkung nauri sabda | anèng gisik sampun lami | Sèh Jangkung nami kawula | Miyana ing wisma mami | bawah nagari Pathi | dene pikajêngan ulun | anut osiking driya | dhumatêng Hyang Suksmanadi | inggih anut punapa karsaning dhalang ||

9. Sultan Crêbon angandika | mila adhi kula mangkin | inggih badhe angrêsaya | abdi kula kathah sakit | jêngandika jampèni | ilapate wau dalu | adhi kang nambanana | larane tiyang sanagri | Ki Sèh Jangkung nanggupi ing aturira ||

10. insa Allah karsaning Hyang | kalamun kula marêngi | nyuwun toya mangkok pêthak | jêng sultan dhawuh angambil | tan dangu wus lumadi | minantran dening Sèh Jangkung | nulya wangsul katuran | ingombèkna tiyang sakit | ri saksana sinungkên tiyang kang lara ||

11. ingombèn mung sacêgukan | tiyang sakit sanagari | kawratan sami waluya | tanpa wilangan kang sakit | desa miwah nagari | warata

--- 22 ---

sadaya ngunjuk | sadaya sampun mulya | kadi wingi nguni-uni | jalêr èstri kang sakit sampun waluya ||

12. jêng sultan kalangkung suka | pangulu dipun timbali | tan dangu wus praptèng ngarsa | nulya sultan ngandika ris | pangulu sira nuli | ningkahêna putraningsun | Pandhanarum Ni Rara | lan Sèh Jangkung ingkang laki | mas kawine Kuran lawan mas orean ||

13. rolas kati wawratira | palilahtupwalimatul. ngurus mijil | kinêpung para punggawa | akupêng santri lan modin | para santana sami | anaksèni dhaupipun | magêrsari warata | bubar kêpungannya sami | mawa brêkat ulihe sowang-sowangan ||

14. warnanên sampun alama | Sèh Jangkung nèng Crêbon nagri | lulus dènnya palakrama | kang garwa sampun garbini | praptèng môngsa anuli | babar putra mijil jalu | apêkik warnanira | jêng sultan suka ing galih | darbe wayah jalu pêkik kang suwarna ||

15. sarêng pupak pusêrira | dyan wayah nulya sang aji | akurmat marang jêng duta | môngka wiwahaning siwi | nimbali para santri | pangulu lan katibipun | arame swaranira | dikir Maulud trêbang pring | mawa slawat saringgit tiyang sajuga ||

16. kalawan saptangan sutra | kang wayah sinungan nami | Radèn Mukmin wastanira | pangulu kinèn dongani | kêtib modin ngamini | kang ambêngan wijilipun | wus angêpung prasamya | winarikan kang kandhuri | nulya bubar umantuk sowang-sowangan ||

17. warnanên Sèh Jangkung ika | krambile

--- 23 ---

kalih winarni | ingkang wus môngka tunggangan | nalika ngambang jaladri | krambil ingkang satunggil | kinarya ingkang bêbêruk | ingkang satunggalira | kinarya bathok anênggih | lamun bukti bêbathok kinarya ajang ||

18. bêruk môngka pangunjukan | dhatêng Sèh Jangkung lan siwi | nêngêna ingkang carita | gantya kang winuwus malih | ing Bantên kang nagari | anèng karaman puniku | kathah têlukanira | arsa angêsur sang aji | Sultan Bantên kalangkung sungkawanira ||

19. garwa putrane jêng sultan | sadaya wus samya ngungsi | para wadya asanega | amêmpên anèng jro puri | ruhara tiyang nagri | parèstri kang mawa sunu | sadaya ngili samya | marang ardi ingkang têbih | pan rinêksa wadya sapalih nagara ||

5. Kinanthi

1. kanthi èngêtira prabu | yèn raka Crêbon nagari | darbe mantu widigdaya | kasusra tuhu linuwih | jêng sultan nulya anduta | agandhèk mantri kêkalih ||

2. ingutus mring Crêbon gupuh | kawarnaa Bantên Aji | lawan Crêbon Kangjêng Sultan | kaprênah ipe sayêkti | ing Crêbon sêpuh prênahnya | kawuwusa gandhèk kalih ||

3. gêgancangan lampahipun | datan winarna ing margi | gandhèk prapta Crêbon nulya | jumujug ngarsa sang aji | dinangu marang jêng sultan | apa karyanira prapti ||

4. baya ingutus riningsun | mara umatura aglis | lakunira gita-gita | gandhèk umatur wotsari | pukulun amba dinuta | rayi paduka sang aji ||

5. ing Bantên ingkang saèstu |

--- 24 ---

ngaturkên sêmbah sang aji | katura paduka nata | kaping kalih atur uning | kalamun ing ari mangkya | rayi paduka sang aji ||

6. kalangkung sungkawanipun | karantên Bantên nagari | wontên angadêg karaman | wus agêng ingkang prajurit | pawèstri sèsining praja | myang lare samya angungsi ||

7. garwa putra ri pukulun | samya ngungsi maring ardi | para wadya têtuguran | sanega nadhahi jurit | lamun kraman angrabasa | maring pura dènnya ngungsir ||

8. ing mangke rayi pukulun | darbe osik jroning galih | saking kentaring maruta | pawarta katub ing angin | lamun paduka darbea | putra mantu langkung sakti ||

9. punika lamun panuju | kaparêng karsa sang aji | kalawan putra paduka | sinaraya ing sang aji | amapag yudaning kraman | kang gung karya walangati ||

10. sarênga salampah ulun | sangêt dènira mêmêling | rayi paduka sang nata | tumut angayom mring siwi | mêmalar pitulungira | karya têntrêming nagari ||

11. têlas wau aturipun | mangkana dupi miyarsi | Jêng Sultan Crêbon sakala | ketang trêsnanirèng ari | anulya nolih ing putra | Sèh Jangkung pan sarwi angling ||

12. aris pangandikanipun | adhuh adhi kadipundi | rasaning driya andika | lamun kaparêng nanggapi | utawa têtulung sanak | karya ayuning nagari ||

13. Sèh Jangkung nèng ngarsanipun | dupi tinantun ing kapti | dening rama marsêpuhnya | andhêku umatur aris | amung [a...]

--- 25 ---

[...mung] sumôngga kawula | sadrêmi nglampahi tuding ||

14. bara-bara bêgjanipun | saking sihira Hyang Widhi | maring ri paduka nata | ing Bantên Sri Narapati | Sultan Crêbon duk miyarsa | aturing putra nyagahi ||

15. alêga suka ing kalbu | dadya angandika malih | prayogi adhi sarênga | wangsuling gandhèk puniki | manawa ingarsa-arsa | maring yayi Bantên Aji ||

16. sandika wau turipun | Sèh Jangkung dupi miyarsi | dhawuhira sri narendra | dadya pamit mundur aglis | kampir dalêm pamit garwa | miwah umiyat kang siwi ||

17. anggung nguswa putranipun | angarih-arih mring ari | pamit sinarayèng yuda | maring Bantên kang nagari | mung sangu babêrukira | kinarya ngunjuk nèng margi ||

18. samana wus budhal laju | kalawan gandhèk kang ngiring | pan sami nitih turôngga | gêgancangan alumaris | datan winarna ing marga | prapta jajahan nagari ||

19. Bantên sigra lampahipun | anjujug wau unggyaning | karaman dènira mapan | samêkta dènnyarsa ngungsir | marang sajroning nagara | nèng kidul têpi pasisir ||

20. praptane wau Sèh Jangkung | asru pemut muwus manis | dhuh sanak-sanak manira | apa karya mangun jurit | amêmungsuh padha rowang | bêcik rukun aywa lali ||

21. apa ta ingkang rinêbut | rinowangan andêrpati | ingsun utusaning nata | kinèn wêwarta pêpeling | mring sira aywa sikara | wruhanira dunya iki ||

22. karsane Hyang Maha Luhung | dinuma [di...]

--- 26 ---

[...numa] titah puniki | kanthi rukun sêsanakan | adil lan sucining ati | sapa salah bakal kalah | mangkono karsaning Widhi ||

23. rasakna pitutur ingsun | aywa angugung tyas runtik | nglimputi êninging nala | lali kalulun alalis | daluya têmah pralaya | kawasaning Maha Luwih ||

24. wong dunya kinèn arukun | pêpasihan andon bukti | tan linilan rêrêbutan | tan kurang sihirèng Widhi | sabên gêsang ana pangan | mung kamurkan ngrasa mèri ||

25. mangkana têtindhihipun | karaman dupi miyarsi | kalangkung bêndu asigra | parentah mring wadya sami | kinèn barondong sanjata | lah ta sanak-sanak mami ||

26. unine aja rinungu | wong iku amung ngapusi | angicuk-icuk mring sira | kinèn ngabêkti sang aji | lêstari dadya gadibal | lir sato dipun pasangi ||

27. mangkana kang antuk dhawuh | sigra siyaga ambêdhil | ngisèni sanjatanira | lantakan amawa mimis | tan taha ing tandangira | angawur dènnya bêdhili ||

28. rêbut rikat ing pananduk | atusan kraman bêdhili | bendrong rame swaranira | bêlêk kukuse kang bêdhil | mung ngarah janma sajuga | tanpa gêgamaning jurit ||

29. ngeca-eca nyêpêng bêruk | nadhahi tibaning mimis | kadya jinelung lêbêtnya | sabên kêbak ingkang mimis | cinipta bali sakala | kumrutug samya ngênèni ||

30. maring wau tiyangipun | kang darbe mimis pribadi | ajur mumur bathangira | kadya rinanjam ing

--- 27 ---

bêdhil | wadya kraman kèh palastra | sungsun atimbun kang jisim ||

31. balasah atumpuk-undhung | pan kadya babadan pacing | Sèh Jangkung laju lampahnya | marêpêki tanpa wingwrin | tindhihing kraman sakawan | asru dènnya muwus wêngis ||

32. marentahi balanipun | kinèn barondongi bêdhil | nging labêt wus giris mulat | kèhing wadya kang ngêmasi | pandirangan netranira | gya lumayu buwang bêdhil ||

33. tindhihing kraman amêthuk | sakawan amawa bêdhil | sigra ambendrong mêngsahnya | cikat tandangnya tarampil | kongsi dangu jêng-ajêngan | nampani balining mimis ||

34. samya kabranan sadarum | sakawan kang senapati | sukunya sami kangrêman | andhoko tan bisa linggih | galasahan anèng kisma | katungka Sèh Jangkung prapti ||

35. angunus ing pêdhangipun | maca slawat lawan dhikir | he Allah ingkang kawasa | sun nigas murdaning janmi | krana ambêg aru-ara | yèn mati karya basuki ||

36. lêstari panigasipun | murda sakawan babar ji | mangkana sagunging wadya | duk mulat kang senapati | wus mati sakawan pisan | anggêgês atising ati ||

37. anulya pan sami têluk | nungkul pasrah gaman sami | Sèh Jangkung langkung narima | pan sadaya gya ingirit | arsa umanjing nagara | kawuwusa ing sang aji ||

38. saking turing dutanipun | kang saking Crêbon nagari | lamun Sèh Jangkung lampahnya | anjujug unggyaning juti | nêdya laju mangun yuda | sang nata [na...]

--- 28 ---

[...ta] gupuh anuding ||

39. wadya pêpilihanipun | sapalih têngga nagari | tinindhihan kadangira | wus winêling mangkat nuli | arsa bêbantu ing yuda | wus kapapag anèng margi ||

40. nulya wêwarta Sèh Jangkung | lamun karaman wus gusis | kapalane kawan pisan | uwus tinigasan sami | karining pêjah ing mangkya | samya nungkul kang umiring ||

41. parêng suka duk rumungu | dadya nulak manjing nagri | samana wau jêng sultan | sineba anèng pandhapi | katungka ing praptanira | Sèh Jangkung ingkang angirit ||

42. têtêlukan kramanipun | lawan wadya saking nagri | tinanggapan lênggahira | satata munggèng ing kursi | jêng sultan angsung pambagya | langkung panarimah mami ||

43. andika paring pitulung | karya têntrêming nagari | ambekas mungsuh kawula | baya ingkang Maha Sukci | amalês maring sihira | dèrèng sagêd kula mangkin ||

44. ngaturi kang angsul-angsul | môngka piwalêsing kang sih | punapa wontêning kula | lamun wontên dèn karsani | suwawi kapilihana | lêga sumôngga ngaturi ||

45. Sèh Jangkung aris turipun | datan rumaos sayêkti | kawula akarya potang | maring paduka sang aji | kranalah darmi kawula | nugrahanira Hyang Widhi ||

46. kagungan paduka tuhu | ingkang antuk sihing Widhi | badan kawula sumôngga | sarana amung ing lair | pan sadaya karsa Allah | bêgja cilakaning janmi ||

47. jêng sultan suka kalangkung | myarsa aturirèng siwi | Sèh

--- 29 ---

Jangkung ingkang mangkana | marmanggung pinundhi-pundhi | sinuba-suba sunggata | miwah nulya dèn guroni ||

48. kawarna ing laminipun | Sèh Jangkung nèng Bantên nagri | sangang wulan gung binuja | sinung pondhokan nèng ngarsi | dupi wus têntrêm kang praja | Sèh Jangkung anuli pamit ||

49. maring Crêbon arsa wangsul | jinurungan ing sang aji | apan nuli sêsalaman | rangkul-rinangkulan sami | jêng sultan ngatêr lampahnya | praptèng sajawining kori ||

50. wus pamit anulya laju | Sèh Jangkung dènnya lumaris | datan kawarna ing marga | samana lampahnya prapti | anèng Cirêbon nagara | wus panggih lawan sang aji ||

51. sadaya solah tinutur | purwa wasananing jurit | Jêng Sultan Crêbon miyarsa | kalangkung sukaning galih | anutug warta winartan | Sèh Jangkung kalilan mulih ||

52. wus panggih lan garwa sunu | sami sukanira sami | dene wus manggih raharja | miwah antuk karya yêkti | bujana sakalihira | kang mêntas asmara kingkin ||

6. Asmaradana

1. ya ta wau kang winilis | antarane tan winarna | nênggih Sèh Jangkung garwane | Pandhanarum ingkang nama | putranira jêng sultan | ing Crêbon kang darbe sunu | ing mangkya kataman roga ||

2. ing antara tigang ari | mangkana wau sang rêtna | saya sangêt ing gêrahe | madal sakèhing usada | tan ana kang nyarasna | japamôntra saratipun | dhêdhukun datan tumama ||

3. Jêng Sultan Crêbon sru wingit | langkung sungkawaning driya | dening putra

--- 30 ---

ing gêrahe | Sèh Jangkung ruditèng driya | amung pasrah Hyang Suksma | mangkana wau sang ayu | puput yuswa nulya seda ||

4. wanci dalu dènnya lalis | akarya rudah sapraja | mangkana dupi enjinge | layon sampun binarsihan | kinubur nèng astana | nunggil makame pra luhur | sidhêkahe paripurna ||

5. Sèh Jangkung dahat prihatin | ketang sihira mring putra | dene tinilar ibune | ayuswa pitulas wulan | Dyan Mukmin duk samana | dèrèng èngêt maring ibu | duk tinilar ing sedanya ||

6. samana wau Dyan Mukmin | pinundhut marang kang eyang | sinung sakawan êmbane | jalu kalawan wanita | êmbanira dyan wayah | walagang kalawun-lawun | kalis sagunging lêlara ||

7. Sèh Jangkung langkung rudatin | kawratan sihirèng garwa | tanapi maring putrane | sruning kabyatan rudita | mangkya pêpuntonira | upama wau Sèh Jangkung | dudu wali tan kawawa ||

8. nahêni sungkawèng galih | arda cuwaning wardaya | dadya binirat kabèhe | arsa milalu lêlana | anis saking jro praja | tanpa pamit mring marsêpuh | ing dalu sigra wisata ||

9. madya ratri dènira nis | Sèh Jangkung anut ing karsa | angon krêjating osike | tan ana ingkang uninga | pribadi lampahira | mung kanthi bathok lan bêruk | ginendhong sapanira ||Kurang satu suku kata: ginendhong saparanira.

10. pan kadya santri musapir | ngalaya andon lêlana | datan karuwan tujune | asone anut têbanya | ri ratri lumaksana |

--- 31 ---

tan miyat marga pakewuh | samana wus praptèng Kêndhal ||

11. mangidul lampahnya prapti | anèng Prêbuan saksana | bêbadra karya dhukuhe | sinung têngran Landhoh desa | minôngka pèngêtira | nalikanira wus antuk | nugrahanira Hyang Suksma ||

12. mung sèndhèn wrêksa yèn ratri | lamun siyang nambut karya | amung sawarsa lamine | datan dhahar myang anendra | èngêt ciptaning driya | inggih amung putranipun | kalisa saking lêlara ||

13. enggala agêng tumuli | winantu panjang kang yuswa | nulya nusul mring dhukuhe | makatên limrahing janma | kanggonan ing sihira | gumantung tungtunging jantung | katalèn trêsna mring putra ||

14. kang anggung karya wiyadi | salaminira tumitah | tan kêna ginggang yêktine | mangkana panglipurira | Sèh Jangkung ing wardaya | nulya karya masjitipun | ya mung môngka pasalatan ||

15. akathah tiyang dhatêngi | ingkang sami tumut wisma | wus arja padhukuhane | nanging Sèh Jangkung ing driya | dèrèng marêm samana | sumêdya arsa anglangut | mangetan ing lampahira ||

16. praptèng kidul kilèn nagri | Mataram nulya akarya | cêlak gisik dhukuhane | sinung aran Landhoh uga | kathah janma kang prapta | samya tumut anèng ngriku | wus arja wau kang desa ||

17. mung antara kalih warsi | Sèh Jangkung nulya umentar | arsa martapa karsane | anèng rawa Nglogung ika | akarya gèthèk môngka | angambang kalamun dalu | yèn siyang

--- 32 ---

anèng dharatan ||

18. salira datan katawis | tinampêlan dening lintah | tan ana kang sinaruwe | kalamôngsa lir tinanya | apa durung warêga | gonmu angantup maringsun | mangkana sadina-dina ||

19. antaranira sawarsi | Sèh Jangkung karsa anyoba | marang prabawa saktine | anggêndam kang sato wana | nulya prapta sadaya | sima waraha andanu | kancil kidang lan manjangan ||

20. kêthèk lutung samya prapti | luwak rase lan garangan | asamya bêrik gêgojèg | manjangan uthik kang singat | ana ingkang kakêrah | kêthèk lutung samya gêlut | sami rencang tunggil bôngsa ||

21. Sèh Jangkung suka ningali | dadya kalangênanira | anèng wana salamine | kêkêl gumuyu asuka | mangkana solahira | andina-dina andulu | anèng wana Nglogung rawa ||

22. antuk gangsal wêlas sasi | samana gya kawênangan | dening juru wana mangke | punggawa tampingan miyat | solahira sang tapa | kalangkung dènnya angungun | Sang Mantri Krapyak duk wikan ||

23. anulya maring nagari | atur uninga ing nata | Sultan Agung Matarame | praptane nulya sumewa | ngarsaning naranata | nulya sumêmbah umatur | pukulun sri maharaja ||

24. kawula atur udani | siti Krapyak Nglogung rawa | wontên sajuga janmane | ingkang martapa nèng wana | karyane sabên rina | sato wana pinrih kumpul | anèng ngarsane sang tapa ||

25. kinèn gojèg abêbêrik |

--- 33 ---

dèn adu sakarsanira | minôngka kalangênane | sakarsanira tinêkan | kêthèk lutung gêlutan | kidang sangsam adu ujung | sardula sami kêrahan ||

26. andanu pinrih abêrik | datan sawala sakarsa | anggung makatên solahe | ulun intip sabên dina | wau risang martapa | nèng têpi rawa sumungku | mulat ingkang sato wana ||

27. tanpa kanthi mung pribadi | dènnya ngêdalkên mangunah | wau sang tapa karême | Sultan Agung duk miyarsa | sigra dènnya ngandika | mantri gandhèk kang tinuduh | matur sapanêkarira ||

28. ingkang kinèn animbali | maring Logung siti rawa | nging tan sarêng ing lampahe | kalawan mantri tampingan | risang gandhèk saksana | numpak wajik lampahipun | dhawuhira sri narendra ||

29. sang tapa kinèn angirit | sarênga salampahira | wau gandhèk age-age | datan winarna ing marga | praptanira ing rawa | wana Logung unggyanipun | sang tapa tan kawistara ||

30. môngka wêlinge sang aji | kalamun bangkang sang tapa | klilan anigas murdane | pinanjêra sirahira | kewala anèng wana | mangkana ki gandhèk dangu | dènira angulatana ||

31. kang rawa dipun ubêngi | wus tita datan kapanggya | amung non ana gêgèthèk | kumambang têpining rawa | anduga yèn punika | tilas palênggahanipun | sang tapa lamun angambang ||

32. duta Mataram akongsi | sipêngira anèng wana | gangsal dalu

--- 34 ---

ing lamine | sabên rina angupaya | wau sang mangun tapa | têka tan ana kapangguh | duk enjang sami rêmbagan ||

33. nêdya mantuk mring nagari | atur uninga ing nata | anulya budhalan age | sapraptanirèng nagara | wau kang laku duta | umarêk ngarsa sang prabu | umatur sasolahira ||

34. dhuh gusti amba tinuding | nimbali kang mangun tapa | anèng Logung pawanane | sampun prapta prênahira | nanging datan kapanggya | mung miyat gagèthèkipun | tiyange tita tan ana ||

35. gangsal dintên angulari | gwan amba sami ngupaya | datan pinanggih tiyange | amung kantun labêtira | lumahing siti cêtha | kang kinarya adu-adu | wau salwir sato wana ||

36. mangkana nata miyarsi | kalangkung pangungunira | dadya aris andikane | lah ta wis sira muliha | nganti wuri manawa | ana manèh dhawuh ingsun | ing karyanira ing benjang ||

37. jêng sultan kondur ring puri | kang seba bubar sadaya | samya mantuk mring wismane | mangsuli wau kang tapa | Sèh Jangkung anèng rawa | ki gandhèk sapungkuripun | gya malih angadu sima ||

38. sato wana agêng alit | tanapi kang sarpa naga | samya pêpulêtan kinèn | angadu karosanira | sang tapa langkung suka | dènnya miyat solahipun | minôngka pralambangira ||

39. sagunging janma kang pingging | dènira rêbut karosan | rêbut sakti apadene | supaya ingalêmbana | ngungaskên kasurannya | wau ingkang ambêg digung |

--- 35 ---

adiguna lan adigang ||

40. amburu ajining dhiri | arêbut tanpa kukupan | kadi sato angkarane | tan mangarti lamun donya | tan langgêng ananira | pamardinira ing kawruh | tan liya mèt kang sanyata ||

41. ing donya mung karya kingkin | cuwaning nala kèlingan | têmah ruhara driyane | yèn ananing driyanira | inguja saya dadra | wardayanira kalimput | amburu kang datan nyata ||

42. mangkono solahing pingging | tan beda lan sato wana | saking cubluk balilune | sabên ari luru pangan | ing nala mêlang-mêlang | yèn kalirên wadhukipun | lali sihira Hyang Suksma ||

43. kang kawasa wus mikani | sambadaning gêsangira | pagene walangatine | datan kumandêl Pangeran | ingkang Maha Kawasa | kasêrêng mung rêbut unggul | ngadi-adi têmah dhustha ||

44. kamurkanirèng tyas nisthip | kêthaha andhaku samya | sajagad arsa dinarbe | pribadi tanpa ngengehan | liyan gêsang kapiran | suka mulat liyanipun | nandhang papa tanpa wêlas ||

45. janma mangkana sayêkti | dadya sêsatruning Allah | bakal nêmu pidanane | nandhang cintraka salama | ngisoring sato wana | tyasira pêtêng alimut | anggung arda puwa-puwa ||

46. kunêng wau kang winilis | mantri tampingan anganglang | anèng wana sakubênge | ngungun dènnya maksih miyat | solahira sang tapa | pan taksih kadya ing dangu | nulya lapur mring nagara ||

47. umarêk sri narapati | Sultan Agung [A...]

--- 36 ---

[...gung] duk sineba | anuju lawan patihe | Danurêja anèng ngarsa | Mantri Krapyak tampingan | wotsari nulya umatur | pukulun sri naranata ||

48. kawula atur udani | kang tapa sasolahira | tan siwah nguni-unine | angadu kang sato wana | anèng têpining rawa | mawarna sato ingadu | malah wêwah kèh taksaka ||

49. gêng-agêng samya kajodhi | pinardi angadu yasa | pêpulêtan langkung rame | makatên karênanira | sang tapa sabên dina | pukulun sang maha prabu | punapa tan tinimbalan ||

50. jêng sultan ngungun miyarsi | nawung duka srêng ngandika | dhumatêng kyana patihe | hèh patih sira mangkata | pribadi mawa bala | cêkêlên wong kumalungkung | anèng wana ngrawa Krapyak ||

51. yèn andaga aywa wigih | dosa maring jênêng ingwang | patènana ywa kasuwèn | tigasên murdane pisan | tanjirên anèng wana | nanging kalamun miturut | ajènana kang prayoga ||

52. sandika aturing patih | wotsari lèngsèr undurnya | sigra matah nayakane | prajurit pilihanira | kinèn sami siyaga | anganthi bupati têlu | kang totos ing yudanira ||

53. wus winartan kang wigati | dinuta mring sri narendra | maring rawa Logung gone | wana Krapyak prênahira | salèring Sokawatya | dupi sawega sadarum | gangsal atus wadyanira ||

54. sakawan gêdhuging jurit | anulya budhal saksana | langkung gumuruh swarane | datan [da...]

--- 37 ---

[...tan] kawarna ing marga | dupi prapta prênahnya | ing wana Krapyak jumujug | ing Logung rawa winarna ||

55. Sèh Jangkung osik ing galih | bêcik apa lumawana | marang ratu kuwasane | prayoga nut raganingwang | bêja cilakèng badan | mung Allah kang Maha Agung | kang paring sadayanira ||

56. ngiras ingsun arsa uning | maring ratu ing Mataram | manawa dadi bêcike | jêng sultan ing suwurira | ratu sudibya tama | ambêg santa martèng sadu | tuhu pangayomanira ||

57. kêkasihing Maha Suci | wus mijil ingkang mangunah | baya waliullah mangke | Sèh Jangkung dadya ngatingal | nèng gèthèk angathingkrang | kya patih mulat agupuh | dènira nguluki salam ||

58. nulya winangsulan aglis | Sèh Jangkung tata silanya | kadya ngurmati isthane | wus panggih gya sêsalaman | patih nulya ngandika | dhawuhkên timbalanipun | Sultan Agung ing Mataram ||

59. kyai manira tinuding | jêng sultan nagri Mataram | karênan miyarsakake | ing wartane pakênira | lêlangên anèng wana | masesa sato wana gung | tuhu palaling Hyang Suksma ||

60. mring pakênira sayêkti | marmanira sri narendra | kayungyun ing panggalihe | arsa panggih pakênira | tinimbalan mring praja | arsa têpung sang aprabu | kalawan ing pakênira ||

61. lamun datan ana kawis | sarênga lawan manira | wangsul manira ing mangke | angirit ing pakênira | sumewa sri narendra | malêbèng nagri [na...]

--- 38 ---

[...gri] Matarum | aywanggung awacak driya ||

62. Sèh Jangkung aturira ris | dhuh sang patih kang sudibya | ulun sumôngga karsane | kadarpaning badan amba | têdhaking sudra papa | yêkti nugraha pinangguh | dene piniji narendra ||

63. sudibya anyakrawati | ambêk santa paramarta | kasusra ing ngalam kabèh | datan pisan amêngkanga | badan amung sapala | yèn puguh karsaning ratu | dosa ing Allah Tangala ||

64. sang ratu tuhu sinung sih | wahyu hidayating Allah | marma mung jurung karsane | têlas ature sang tapa | kyana patih miyarsa | kalangkung trusthaning kalbu | gya sinung ingkang turôngga ||

65. môngka titihan sang yogi | gya budhalkên wadyabala | gumuruh anèng margane | ing marga datan winarna | mangkana dupi prapta | anèng praja ing Mantarum | anjujug nèng kapatihan ||

66. binujakrama mênuhi | kya patih wus atur wikan | maring sang nata unjuke | sang tapa gya tinimbalan | manjing ing purantara | nèng panêpèn dènnya pangguh | mung sami pribadinira ||

67. tan ana ingkang sumiwi | karsanira sri narendra | arsa amêntog ngèlmune | dadya bantah kalihira | jêdhug buntasing nala | tan ana kuciwèng sêmu | ababag lawan sang nata ||

68. pêntoging ngèlmu wus mupit | ing tekad sampun anunggal | lawan Pangeran jatine | sang nata langkung sukanya | rumasa antuk rowang | marma karênan sang prabu | mangkya dhawuhirèng nata ||

--- 39 ---

69. datan winarna ing tulis | dènira sami bantahan | sang nata lawan tamune | mung saking udanagara | lamun kapadhan karsa | prasêtyanira sang mulku | angalap kadang sang tapa ||

70. dene enjangnya sang aji | dhawuh maring patihira | lamun sang nata karsane | Sèh Jangkung arsa tinriman | dhaup kadang wanudya | kang bakyu ing prênahipun | Rêtna Jinoli kang nama ||

71. kinèn samapta ki patih | uparêngganing wiwaha | badhe tumêka dhaupe | Sèh Jangkung lawan sang rêtna | patih matur sandika | mangkana datan winuwus | dènira atata-tata ||

72. dupi samapta piranti | Sèh Jangkung nulya dhaupnya | lawan sang rêtna èstune | anèng jroning dhatulaya | ing waktu ijapira | sang rêtna nulya pinêthuk | panggih anèng kapatihan ||

73. dadya pamiwahan ngênting | anèng dalêm kapatihan | anêkakkên kasukane | sagunging para nayaka | agung alit sadaya | kinêtog kasukanipun | pilih-pilih unggyanira ||

74. samana ingkang winarni | dangune mangun kasukan | ana ing kapatihane | bujana miwah ndrawina | sarimpi lan bêdhaya | pra punggawa samya tayub | kanthi ascaryaning driya ||

7. Kinanthi

1. Sèh Jangkung pikramanipun | lawan Dyah Rêtna Jinoli | kalangkung sinuba-suba | bujanane amênuhi | siyang dalu gung kasukan | tandhaknya kathah rêspati ||

2. endah miwah ayu-ayu | tanna kuciwa kang warni | anggung akarya wigêna | lêlewane milangoni |

--- 40 ---

kèh mantri samya kagiwang | ketang manisirèng lathi ||

3. kèwêsing wiraga mungguh | sindhène kadya sundari | kèh priya poyang-payingan | kamayangan samya kingkin | mulat sulistyaning warna | wus jamake pra taruni ||

4. kawilut mulat kang balut | yèn angliring kadya thathit | tumanêm tungtunging nala | kèh kapranan samya ngibing | ketang wulanguning driya | ronggènge amulêt ati ||

5. modin lali nabuh bêdhug | kaji buwang srêban aglis | ngêlus-êlus gundhulira | sêbut astagpirulahi | dene ta nora kayaa | ayu têmên wong puniki ||

6. Danurêja gone nayub | tigang dalu tigang ari | kongsi sapasar bujana | myarsa langên gôngsa ringgit | babêksan para wanita | bêdhaya kalawan srimpi ||

7. samana bubaran sampun | dènira misukèng dasih | kang pangantèn sih-nisihansih-sinihan. | tan ana sawalèng galih | atut rukun sakalihan | sang nata suka ing galih ||

8. wêwah sihira sang prabu | dhatêng Sèh Jangkung ing galih | kinadang-kadang satata | Sèh Jangkung makatên ugi | sumungkêmira ing nata | anrus tanpa walangati ||

9. tigang wulan laminipun | yèn malêm Sukra sang aji | nimbali para ngulama | Sèh Jangkung ingkang piniji | ambawani ing rêrasan | rasaning ngèlmu sajati ||

10. urip nèng dunya satuhu | kongsi wêkasaning mati | ywa kongsi samar pamawas | waspada ing lair batin | rahayu ing kene kana | aywa kongsi nandhang wèsthi ||

--- 41 ---

11. wèsthi mrih utamanipun | utamèng donya lan akir | tan was-uwas jroning nala | nalika mancat alalis | lalis nir kabating tingal | tingal kang waspadèng Widhi ||

12. jêng sultan ngandika arum | hèh kakang Sèh Jangkung nênggih | manawa kakang sambada | gih uga ingsun pasrahi | salèring gunung punika | kidulipun kali Lusi ||

13. pun kakang prentah sadarum | môngsa boronga puniki | dadosa andêl manira | pêndhak Mulud seba mriki | dugia salaminira | tumurun mring putra siwi ||

14. Sèh Jangkung alon umatur | pan sarwi amangastuti | asangêt pamopo amba | anampi pasihan gusti | inggih kadamêl punapa | aglar gih mêngku nagari ||

15. sabên dintên pados mungsuh | datan ngenakakên ati | pantês agênging padharan | yèn pun tuwuk dènnya bukti | lan malihe kauripan | botên umur sèwu warsi ||

16. mung Nabi Adam puniku | ingkang umur sèwu warsi | upami ing badan kita | mêlulu andamêl tai | angratanana pakaryan | karya ingkang mamrih sukci ||

17. punika atur pun ulun | yèn jêng sultan amarêngi | wontên panuwun kawula | dhusun kang ulun dhodhoki | pan salawe kathahira | amba nuwun ing jêng gusti ||

18. dhusun Landhoh ingkang catur | amba suwun ing jêng gusti | wontên malih tunggilira | Miyana keringan nênggih | pitunipun Pajenggotan | wolu dhusun Sitiabrit ||

19. sanganipun dhusun Gadhu | sadasa ing Bontos dèsi |

--- 42 ---

sawêlas pun Sukalila | kalih wêlas dhusun Kantil | Sokasumbêr tiga wêlas | kawan wêlasipun malih ||

20. Wanakusuma kang dhusun | gangsal wêlas Jrambah nênggih | nêmbêlas Jêmbêr kang desa | pitulase dhusun Ngêpring | wolulas dhusun Dêrmaya | sangalas Thuwaran dèsi ||

21. kalih dasa Watulunyu | sêlikur ing Krapyak nênggih | kalih likur Mêndho ika | tiga likur ing Widuri | kawan liturlikur. ing Panjunan | Gêbanganom jangkêp dèsi ||

22. jêng sultan ngandika arum | sun jurungi kakang yêkti | sira kakang datan arsa | ingsun pasrahi nagari | mung dhusun salawe ika | ingsun yêkti amarêngi ||

23. lawan malih kakang Jangkung | ingsun paringi palinggih | jumênênga panêmbahan | anèng Landhoh punang dèsi | dhusun salawe kanthinya | kakang Jangkung kang darbèni ||

24. sampun dadya lênggahipun | tumurun mring putra siwi | dadia pusakanira | Sèh Jangkung umatur aris | asangêt panuwun amba | pasihanira narpati ||

25. kalayan ta malihipun | bilih parêng karsa aji | amung ing turun kawula | jêng sultan paringa idi | sagêd dipun ngidènana | kamirahan paduka ji ||

26. lêstantunipun tinunggu | dadya têdhane salami | wau salangkung kang desa | sakadaripun pribadi | tuwuka kang dipun têdha | sandhang sampun anyênyilih ||

27. upami ta sugih pungkur | kadang warganira sami | datan kêna linalia | tan wurung nêmahi lalis | gumluntunging jisimira | tan wurung pinêndhêm [pinêndhê...]

--- 43 ---

[...m] bumi ||

28. bosok nèng siti wus ajur | rohira datan katawis | kajawi kang wus waspada | waspada unggyaning pati | ragane tan bosok baya | kawêngku karsa pribadi ||

29. punika janma linuhung | pan botên rumaos mati | kewalya ngalih panggonan | alamipun duk ing nguni | mulya-mulyaning ngagêsang | datan ana kawis-kawis ||

30. jêng sultan mèsêm lingnya rum | ingsun yakti angamini | pan inggih karsanta kakang | sadaya sun nambani |Kurang satu suku kata: sadaya sun nambadani. kangjêng sultan dhawuh sigra | maring sakèhing bupati ||

31. tanapi para tumênggung | môncanagara pasisir | kabèh padha èstokêna | dene waktu dina iki | kakang Jangkung ingsun angkat | nama panêmbahan iki ||

32. sarta ing saturunipun | tumêka putune ugi | anama radèn prasamya | sakèhe para bupati | nêmbah sandika turira | sadaya nêdya ngastuti ||

33. putra santana sadarum | tuwin bôngsa dêmang mantri | prasamya nêmbah sadaya | dhatêng Ki Sèh Jangkung nênggih | margi dhawuhe jêng sultan | gènipun wau ngurmati ||

34. jêng sultan lingira arum | kakang Jangkung benjing-enjing | pan samya kesah mring Mêkah | lajêng dhatêng Ngêrum nagri | karana sun myarsa warta | yèn Raja Ngêrum nagari ||

35. Iman Sapingi kang tutur | yèn badhe nêkani mriki | sarta mawi bêkta bala | arsa ambêdhah Mantawis | marma karsèng sun ing mangkya | arsa prapta andhingini ||

36. Sèh Jangkung ing aturipun | sampun gusti walanggalih | yèn Raja Ngêrum [Ngêru...]

--- 44 ---

[...m] kewala | kula sagah bantah ngèlmi | inggih pundi kang kasoran | amasthi kaukum pati ||

37. yèn ngabên digjayanipun | paduka tan kirang sakti | yèn bantah ngèlmi kawula | punapa sagêd nimbangi | wus têtêp kakêncanira | nulya abubaran sami ||

38. mangkana labuhanipun | Jêng Sultan Anyakrawati | dènira paring nugraha | marang Sèh Jangkung ing nguni | sawusnya nyata titiknya | kalamun janma linuwih ||

39. rinakêt myang sinakayun | dadya ipe sêpuh nuli | pinaringan bumi desa | tumurun putra lan siwi | sinung dalajat utama | dadya pêpundhèning Jawi ||

40. tyasira langkung sumungku | labuh têkèng baya pati | kinathik maring sang nata | kinanthi anranging wèsthi | lara lapa praptèng lena | sayuk ing lair myang batin ||

41. rumêksa miwah mituhu | dadya lamaking nagari | lêgawa dadia wadal | sêtyane Sèh Jangkung nguni | karoban sihing narendra | sinarah karsane yêkti ||

42. ing driya tan rangu-rangu | mangkono tuladha yêkti | kautamaning narendra | tan amatah maring janmi | sadurunge sung nugraha | baya tan sêtya ing batin ||

43. prayitnan kula linuhung | dinadar kagunan yêkti | waspadaning nata dibya | patitis tan mindho kardi | wau ta duk enjangira | sang nata sampun miranti ||

44. wus caos wau Sèh Jangkung | sigra budhalira kalih | umêsat marang ing Mêkah | datan kawarna ing margi | wus panggih imam sakawan |

--- 45 ---

sami parêpatan nuli ||

45. Sapingi Maliki sampun | sêsalaman wau kalih | Sultan Agung aturira | dhumatêng para imami | mila kula gita-gita | umarêk prapta ing ngriki ||

46. minta pawarta saèstu | punapa Ngêrum Sang Aji | arsa ambêdhah mring Jawa | manah kula langkung watir | karasa datan sakeca | Imam Sapingi nauri ||

47. saking pamirêng satuhu | Jêng Raja Ngêrum wus mranti | wadyabala sikêp yuda | kang arsa dinuta sami | ambêdhah ing tanah Jawa | kula amung angamini ||

48. Sultan Agung aturipun | lamun makatên prayogi | kula manggihi jêng raja | supadya wurung ing galih | para imam aturira | kalangkung jumurung sami ||

49. gya pamit Jêng Sultan Agung | jinurungan wau kalih | sêsalaman nulya mêsat | sang kalih praptèng nagari | ing Ngêrum amindha sudra | abusana kadi druwis ||

50. sami jujug ngalun-alun | Ki Sèh Jangkung bêkta têlik | jêng sultan anêpang walang | Sèh Jangkung ingkang bêktani | anuju raja pinarak | ing Ngêrum pêpêkan sami ||

51. punggawa aglar supênuh | Jêng Raja Ngêrum mriksani | maring kalih mindha warna | kadi druwis angupadi | mêncak walang katingalan | dening ing Ngêrum Sang Aji ||

52. tyasira asmu kayungyun | sarwi ngunandikèng galih | wong loro iku ta baya | dudu wong Ngêrum katawis | busana miwah warnanya | ngupaya apa wong kalih ||

53. Jêng Raja Ngêrum gya dhawuh | marang risang kyana patih | hèh patih ingsun [ing...]

--- 46 ---

[...sun] tumingal | ika ana wong kêkalih | timbalana ngarsaningwang | arsa sun tanya mrih manis ||

8. Dhandhanggula

1. kyana patih gya utusan aglis | animbali wau wong kalihnya | amatah karo mantrine | samana sampun pangguh | duta nata wau wong kalih | gya sami lumaksana | wus umarêk ngayun | anèng ngabyantara nata | Sultan Agung miwah Sèh Jangkung wus prapti | ana ing pasewakan ||

2. Sultan Agung wus lênggah nèng ngarsi | mung Sèh Jangkung sih ngadêg nèng wuntat | nulya sinêndhal patihe | ingajak jajar lungguh | sampun sami lênggah kêkalih | anèng ngarsa narendra | wau raja ing Rum | aris pangandikanira | lah ta sira wong ngêndi dene kaèksi | pan dudu wadyaningwang ||

3. Sultan Agung nulya matur aris | kula kalih tiyang tanah Jawa | ing Mataram nagarane | ing karya mung aluru | mêncak walang ingkang prayogi | kinarya pakan gêmak | gih kagunganipun | Sultan Agung ing Mantaram | môngka loloh paksi puyuh tanah Jawi | kagunganing narendra ||

4. sampun têlas walang tanah Jawi | kangge loloh puyuhe jêng sultan | marmamba prapta ing mangke | ing ngriki angaluru | nagri tuwan inggih manawi | maksih kathah kang walang | ingkang agêng bandhut | Raja Ngêrum angandika | wayah apa gonmu mlaku pirang sasi | tumêka prajaningwang ||

5. Sultan Agung gya umatur aris | wau enjang gwan kula lumampah | wanci makatên [makatê...]

--- 47 ---

[...n] praptane | kados pukul sapuluh | Raja Ngêrum ngandika malih | Sultan Agung Mantaram | iku amisuwur | sapira ing dêdêgira | apa dhuwur apa gêdhe apa cilik | dene bangêt kuwasa ||

6. iya bakal manira lurugi | patih ingsun ingkang ingsun duta | besuk sasi ngarêp kiye | patih bakal lumaku | gawa bala lawan prajurit | marma kinèn sadhiya | bètèng ingkang dhuwur | sarta manèh gapuranya | prajurite aja kongsi nguciwani | mungsuh lan wadyaningwang ||

7. Sultan Agung dadya matur aris | gih prayogi matur gusti kula | benjang yèn kula mantuke | wataknya Sultan Agung | kados botên kagèt ing galih | nadyan dipun kêrigna | prajurit ing Ngêrum | ngêbakana tanah Jawa | gusti kula Sultan Agung datan ngungsi | baya mandar abingah ||

8. kang pinuji siyang lawan latri | Sultan Agung sagêda mungsuhan | lan nagri kang gêdhe-gêdhe | yèn makatên amungsuh | Raja Ngêrum baboning nagri | mendah gènira bingah | kathah saguhipun | sampun lama datan aprang | pra bupati sakathahe tanah Jawi | suyut ajrih mring sultan ||

9. sampun mungsuh kalih gusti mami | dawêg bantaha kalawan kawula |Lebih satu suku kata: dawêg bantaha klawan kawula. sampun raja age-age | nungkulkên ing Mantarum | inggih kula lamun kajodhi | angabên kadigdayan | kalayan sang prabu | nadyan kula amung rencang | Sultan Agung sampun prêcaya mring mami | ruwêt rêntênging praja ||

10. agêngipun sultan ing Mantawis |

--- 48 ---

inggih sami kalayan kawula | tan wontên wau kacèke | tan andhap datan dhuwur | botên agêng miwah tan alit | nyamlêng sami kawula | tan gèsèh sarambut | sultan ngakên saudara | lamun wontên mungsuh kang arsa nêkani | kula kang mukul yuda ||

11. lamun kula kawon ing ajurit | Sultan Agung prasasat wus kalah | inggih punika èstune | Raja Ngêrum arêngu | netra andik wuwusnya wêngis | idêp angada-ada | jaja bang sêsumung | kadya sinipi dukanya | lah ta patih iku cêkêlên dèn aglis | wong loro bandanana ||

12. patih sigra angadêg tumuli | Ki Sèh Jangkung arsa ingayatan | sarêng ngêthawe astane | Sèh Jangkung kêthunipun | dipun putêr anganan ngering | patih dhawah kalumah | Raja Ngêrum wau | arsa nubruk mring jêng sultan | Sultan Agung kêthunya pinutêr aglis | Raja Ngêrum gya dhawah ||

9. PocungTeks asli: Pucung.

1. kang pinucung raja lawan patihipun | sarwi jumpalikan | gumalundhung tiyang kalih | molak-malik amubêng kadya gangsingan ||

2. mungsuhipun patih lawan Ki Sèh Jangkung | raja lawan sultan | kêthu mêksih dèn putêri | raja patih sami sêsêr ubêngira ||

3. punggawa gung kang sami nangkil nèng ngayun | bupati satriya | tumênggung dêmang lan mantri | arya rôngga santana prajuritira ||

4. samya kumprung tan ana sêdya têtulung | mung mlongo kewala | tyasira kêkês sêmu jrih | kaprabawa agêtêr sariranira ||

5. sami

--- 49 ---

kêju tan ana kang darbe bayu | lir tinêbak sima | sami biyas muka lutihputih. | pangrasane kadya datan darbe karkat ||

6. mangu-mangu patih lawan Raja Ngêrum | sami nuwun tobat | saking sayah molak-malik | babak bunyak sariranira sadaya ||

7. bathukipun ki patih bênjut sabluluk | katatab ing cagak | mangkana jêng sultan nênggih | sêmu wêlas ningali Ngêrum Sang Raja ||

8. kêthunipun jêng sultan lawan Sèh Jangkung | sigra kinèndêlan | wus lêrêm kang niba tangi | raja patih marêk arsa nguswa pada ||

9. Sultan Agung enggal nyandhak astanipun | gya sami salaman | jêng raja gya ngacarani | manjing pura sang kalih akanthèn asta ||

10. Ki Sèh Jangkung kinanthi ing astanipun | lawan kyana patya | umiring manjing ing puri | dhatulaya wus siyaga pambujana ||

11. Raja Ngêrum samya tata lênggahipun | aris aturira | maring kang namur kêkalih | yèn makatên paduka Sultan Mataram ||

12. Sultan Agung nauri sabdanya arum | inggih kula Sultan | Agung ing nagri Mantawis | ingkang dhèrèk punika ipe kawula ||

13. prênah sêpuh namanipun Ki Sèh Jangkung | nulya kinèn lênggah | jajar pinarak ing kursi | Raja Ngêrum manthuk-manthuk aturira ||

14. yèn kadyèku tan siyos ulun anglurug | dene sampun panggya | lawan paduka nèng ngriki | nuwun tobat nungkul dhatêng ing paduka ||

15. anak putu sampun ngantos kamipurun | têdhaknya jêng sultan | aturnya [a...]

--- 50 ---

[...turnya] jêng sultan aris | angamini kawula wau pratignya ||

16. kang dhumawuh saking sihira sang prabu | mung panuwun kula | datan kumêdah mêngkoni | praja tuwan awèta dados pamitran ||

17. malihipun manawi karsa panuju | mung nuwun kawula | lamun wontên tiyang khaji | maring Mêkah juwarah saking Ngajawa ||

18. ingkang sangu katêlasan anèng purug | jêng raja tulunga | kinarya sarana mulih | Raja Ngêrum sumagah sukèng tyasira ||

19. tan winuwus solahira Sultan Agung | nèng Ngêrum nagara | tri ratri anggung anggusthi | bujakrama bawa rasaning sopana ||

20. Raja Ngêrum samana jêjulukipun | Sri Tasangsul Ngalam | ambêgira sadubudi | wus anutug dènira ambujakrama ||

21. Sultan Agung gya pamit arsa akondur | nulya sêsalaman | Sèh Jangkung dhèrèk nganthuki | bidhalipun mêsat marang Mêkah samya ||

22. pan wus pangguh para imam ingkang catur | wêwarta solahnya | miwiti praptèng mêkasi | yèn ing mangkya Raja Rum sampun prasêtya ||

23. sampun takluk pratignya saturun-turun | jêng sultan mung minta | pitulungira sang aji | lamun ana wong Jawa kurang sangunya ||

24. kang manungku mring Mêkah sujarahipun | sampun sinagahan | para imam suka sami | malah Imam Sapingi alon lingira ||

25. nadyan wau jêng raja nagari Ngêrum | supe sagahira | dènnyarsa têtulung janmi | kang kurangan sarating sangu antuknya ||

26. myang tan dhawuh paring ing pitulungipun |

--- 51 ---

kula inggih sagah | sakèh janma ingkang mriki | kêkurangan sangune tambangan marga ||

27. kaji sagung jêr purun asung awêruh | para imam samya | kawasa andhêdhawuhi | mring wong Mêkah suka sangu sakadarnya ||

28. marmanipun jêng sultan ywa rangu-rangu | sumêlang ing driya | sagunging wong munggah kaji | datan kongsi kadrawasan lampahira ||

29. dangu-dangu jêng sultan dènnya arêmbug | lawan para Imam | Sapingi lawan Kanapi | myang Kambali Maliki sakawan pisan ||

30. kanêmipun jêng sultan lawan Sèh Jangkung | gènnya gunêm rasa | ngèlmu pêpuntoning pati | kongsi jêdhug mupakat pamanggihira ||

31. Sultan Agung ngandika têtanya arum | punapa kenginga | têmbe lamun praptèng wanci | wapat minta kinubur nèng praja Mêkah ||

32. botênipun nèng Madinah yèn panuju | mrih sucining tanah | antuka ingkang prayogi | Kangjêng Imam Sapingi aris turira ||

33. yèn ta lamun jêng sultan seda nèng purug | tan sae tinilar | tanah Jawa wuri-wuri | sintên ingkang dèn uri-uri ing wuntat ||

34. tan liyan mung jêng sultan pribadi pungkur | ngungkuli pra wayah | buyut canggah ingkang wuri | badhe têmah tanah Jawa kathetheran ||

35. kula tuhu datan nyuwawèni kayun | nênggih tanah Jawa | wontên sitine kang suci | kadi ngriki dèrèng wuninga jêng sultan ||

36. êlèripun rêdi gamping siti mungkur | nênggih Girilaya | prayogi dipun priksani |

--- 52 ---

lamun wangi gandane wau kang lêmah ||

37. tandhanipun siti kubur kang pakantuk | nèng pucaking arga | sitine lêmbat awangi | gih punika kang yogya kinarya makam ||

38. lamun kondur prayogi dipun pituhu | mariksa ing prênah | Sultan Agung nulya pamit | jinurungan gya mungkur kalih sing Mêkah ||

10. Pangkur

1. Sultan Agung nulya mêsat | lan Sèh Jangkung arsa kondur ngajawi | datan winarna nèng ênu | wus praptèng tanah Jawa | jajahaning praja Mataram kang kidul | anjajah pasisir prapta | gunung gamping dèn ulari ||

2. wus panggya nulya mring arga | Girilaya salèring gunung gamping | tinupiksa sitinipun | inggih lêrês anggônda | arum wangi angambar apindha ratus | Sèh Jangkung matur jêng sultan | kadi lêrês ingkang siti ||

3. ardi punika anggônda | arum ngambar saèstu aprayogi | lamun kinaryaa kubur | tan sisip sabdanira | Kyai Imam Sapingi pituduhipun | jêng sultan lêga galihnya | nênggih wau ing Magiri ||

4. amung cuwaning jêng sultan | dene sêpên toyanira kang ardi | nulya mandhap kalihipun | kilèn sukuning arga | anèng sumbêr toyanira langkung agung | jêng sultan luwih kawasa | angudi ilining warih ||

5. sagêda munggah mring arga | praptèng pucak minôngka anoyani | ngubêngi wau kang gunung | samana kangjêng sultan | kawanguran dening lare angèn rubung | mulat tingkahnya jêng sultan | dènnya mrih ilining warih ||

6. raryangon sami

--- 53 ---

rêrasan | lan rowange mangkana dènira ngling | apa bisa amandhuwur | toya saking ing ngandhap | jaman apa ana banyu bisa nungsung | milia munggah ing arga | kaya karêpe wong iki ||

7. Sultan Agung nulya salat | rong rakangat nyênyuwun mring Hyang Widhi | kalayan wau Sèh Jangkung | pan inggih dhèrèk salat | kajat jati nênuwun marang Hyang Agung | gustiku Allah Tangala | sagêda anambadani ||

8. asangêt wirang kawula | pan cineda dening raryangèn sami | mangkana panuwunipun | katrima kalihira | Ki Sèh Jangkung anggarit lawan cisipun | munggah tinurut ing toya | rumangsang minggah ing ardi ||

9. Sultan Agung anèng sêndhang | lir anyêbul kang toya mrih umili | anurut garis Sèh Jangkung | toya kêmrawak enggal | menggak-menggok dènnya garis ngampat laku | margi mènèk lampahira | punika purwaning nguni ||

10. marma kongsi praptèng mangkya | ing Magiri lèpènira manginggil | pasarean Sultan Agung | kuwasa jagat Jawa | nora nana bêbasan inganak anung | ngungkuli bapa myang eyang | buyut canggah dèn ungkuli ||

11. Sultan Agung andikanya | dhatêng raka Ki Sèh Jangkung ing benjing | kakang lamun seda tumut | kinubur lawan ingwang | anèng ngriki dene tumut bakalipun | Sèh Jangkung alon turira | siti Landhoh kula pilih ||

12. sanadyan praptèng pralaya | dhusun Landhoh ingkang amba rêmêni | baya ngriku tapêlipun |

--- 54 ---

nalika ananira | asal siti bêbuka ing purwanipun | botên kenging ngowah-owah | punapa asaling lami ||

13. Sultan Agung andikanya | gih sumôngga karsa kakang pribadi | rare angon kathahipun | watawis kalih dasa | samya gujêng ting cêkakak wuwusipun | kakèkne tan kênèng ngina | bisa nungsungêna warih ||§ Purwanipun sumbêr ing Bêngkung (mirsanana Babad Alit, Imagiri).

14. lare angon sami kesah | Sultan Agung nulya kondur Mantawis | sakêdhap pan sampun rawuh | pinêthuk ingkang garwa | Ki Sèh Jangkung ingkang garwa ugi mêthuk | anulya samya pinarak | kang garwa sultan ngabêkti ||

15. sarwi matur awotsêkar | dene lami tindak paduka gusti | kantos wontên pitung dalu | Sultan Agung ngandika | iya lawas manira ana ing Ngêrum | Sang Raja Tasangsul Ngalam | wus kasor pêrang lan mami ||

16. sun lurugi lan si kakang | kakang Jangkung kang nglawan maring patih | ingsun mungsuh rajanipun | samya ijèn kewala | Raja Ngêrum ing mêngko pan uwus nungkul | yèn ta ingsun nglilanana | nulya seba ing Mantawis ||

17. dadi ingsun tanpa ngrasa | Raja Ngêrum babone para aji | anane janma sadarum | ing Ngêrum bibitira | dadi ingsun nalar ingkang tanpa kusur | nora wurung nêmu halat | kasiku marang Hyang Widhi ||

11. Dhandhanggula

1. kangjêng sultan nulya mrih mêmanis | manjing pura bibar kang sumewa | Sèh Jangkung mring pondhokane |

--- 55 ---

kunêng wau winuwus | Ki Sèh Jangkung rêmbagan nuli | kalawan ingkang garwa | tinantun ing kayun | yayi priye karsanira | iya ingong bakal pamitan amulih | maring rinta jêng sultan ||

2. sabab iku wus lawas wak mami | enak-enak nèng nagri Mataram | wus ana sangang sasine | awakku kongsi lêmu | esuk-esuk tan nyambut kardi | anggung sinuba-suba | sabên dinanipun | mring arimu kangjêng sultan | kadiparan wêkasaning dina wuri | enak dhukuh priyôngga ||

3. pan akêrêp dadya gawe iki | nora enak amangan cadhongan | enak budi kaskil dhewe | apa sakadaripun | pan ngaurip aywa amelik | marang ing kasugihan | lwih sinandhang iku | cukupa ingkang pinangan | aywa kongsi utang sêlang jroning urip | aja tindak bêlasar ||

4. yèn wong sugih ing donya puniki | akèh lali mring Pangeranira | iya kibir pangucape | têtela dhawuhipun | Kangjêng Nabi Muhkamad nguni | mustapa rasulolah | utusan Hyang Agung | dhawuhe têlung prakara | siji drajat loro donya têlu ngèlmi | apan mêndêmi samya ||

5. lah kapriye karsanira yayi | apa mèlu mulih marang ingwang | apa kari anèng kene | kang rayi alon matur | inggih èstu tut wingking laki | dhatêng pundi purugnya | datan arsa kantun | kawula dhèrèk kewala | wus masthine wanodya tumut ing laki | nglakoni prentahira ||

6. ingkang [ing...]

--- 56 ---

[...kang] raka anauri aris | yèn mangkono lêga tyas manira | gonku arsa pamitane | Jêng Gusti Sultan Agung | kunêng dalu wuwusên enjing | Sèh Jangkung lan kang garwa | sowan jro kadhatun | jêng sultan nuju pinarak | dipun adhêp pra santana anèng ngarsi | atap andhèr sap-sapan ||

7. Ki Sèh Jangkung ingacaran kursi | sampun lênggah saha aprênata | kaprênah anèng keringe | Sèh Jangkung alon matur | kangjêng sultan bilih marêngi | karsa paduka nata | kawula anuwun | pamit mantuk ing Miyana | sampun lami gèn kula wontên ing ngriki | sangang wulan laminya ||

8. ingkang bakyu Dyah Rêtna Jinoli | kêdah tumut saantuk kawula | tan purun katilar dhewe | jêng sultan gujêngipun | sarwi angling anèh puniki | wontêne palakrama | yêkti runtung-runtung | lakirabi namanira | namung rabi dhatêng sasêdyaning èstri | donya ngakeratira ||

9. benjang paran kakang budhal sami | Ki Sèh Jangkung alon aturira | dintên punika kang sae | jêng sultan sigra dhawuh | animbali mantri sinêlir | sadasa kathahira | saha tiyang pikul | kathahipun kawan dasa | gunggungipun pakathik ingkang umiring | satus sakawan dasa ||

10. kangjêng sultan nulya ngandika ris | kakang Jangkung ingsun titip mangkya | kadang ingwang sajugane | arsa pisah lan ingsun | sun bêktani dhalang myang ringgit | saput parantinira | miwah ingkang sangu | sèwu ringgit kathahira | êmbanipun sakawan lan para nyai | pandhe mranggi lan tandhak ||

--- 57 ---

11. kalih dasa rêmbatan kang mawi | bêkakase kakang bok sadaya | kajawi gôngsa wayange | kalawan kothakipun | wus sadhiya anèng ing ngarsi | mantrinipun sadasa | numpak kudanipun | gunggung kuda kawan dasa | Ki Sèh Jangkung ingkang badhe dèn tumpaki | lêmbu titihanira ||

12. nulya pamit ki sèh dèn lilani | dyan salaman kalayan jêng sultan | mung salamêt salamine | dyah ayu pamit sampun | mring kang rayi ngandika aris | sultan ingong umangkat | slamêta nèng dlanggung | jêng sultan nauri sabda | iya kakang bok ayu slamêta margi | prapta dunung sinêdya ||

13. pan bisaa tinêkan ing kapti | para garwa miwah putra nata | dhèrèk mijil nguntapake | dumugi ngalun-alun | gya rangkulan wau sang aji | lan raka sang dyah rêtna | ngêmbêng waspanipun | anulya nitih jêmpana | sigra bidhal Sèh Jangkung angiring wuri | nitih lêmbu lampahnya ||

14. ya ta laju lampahirèng margi | ngalèr ngetan wau purugira | duk samana ing jamane | dèrèng wontên marga gung | inggih wontên mung marga lit |Kurang satu suku kata: inggih wontên mung marga alit. kathah simpanganira | ingkang karya bingung | begalan marga akathah | wana kêtêl tur kathah sima baribin | andaka angrubeda ||

15. langkung rêmbên lampahirèng margi | sabab kanthi ambêkta wanodya | miwah akèh gotongane | yèn sayah ingkang mikul | dadya lêrêm têngah wanadri | karya tarup plêrêman | asipêng sadalu |

--- 58 ---

enjangira malih bidhal | tigang ari dènira sami lumaris | sarêng asar wayahnya ||

16. lêmbunira ingkang dèn tumpaki | Ki Sèh Jangkung sangêt sayahira | ambyuk kajêngklok sukune | dèn dêgakên tan purun | dèn gêbagi wus datan mosik | mêksa datan kuwawa | mangkana Sèh Jangkung | alon dènira ngandika | pan wus sayah ngajak sadhepok nèng ngriki | dhusun Landhoh kang nama ||

17. dadya lèrèh sakèh para mantri | sagung sikêp saking ing Mantaram | wus rinucat rêmbatane | kuda sadayanipun | dèn uculi kang samya nitih | mijil wau sang rêtna | samana kadulu | yasanira kangjêng sultan | wisma agêng jajar tri pelag ing warni | sangkêp sarêngganira ||

18. Ki Sèh Jangkung graita ing galih | ciptanira pinasang ing sultan | kang wisma saput praptine | asri lamun dinulu | sami tabag gêbyog ngubêngi | garogol pagêrira | mêpêki kang kayu | pakarangan palawija | karang kitri samya ngrêmbaka nêdhêngi | mangalèr adhêpira ||

19. gya masrahkên wau ingkang jagi | timbalane nata ing Mantaram | Sultan Agung ing karsane | mangkana sang rêtnayu | langkung rêsêp mulat ing panti | tan èngêt dalêmira | duk anèng Mantarum | manjing wisma salin sigra | kang busana sarwi sukanirèng galih | lajêng kraos ing driya ||

20. wau lêmbu ingkang dèn titihi | dènnya dheprok saking sayahira | mangkya katêlah namane | kang dhusun jajar wau | amèngêti wisma [wi...]

--- 59 ---

[...sma] kang kèksi | nênggih sakèh punggawa | myang sagung pêpikul | saking Mataram prasamya | kinèn ngaso sinung pêpondhokan sami | sowang-sowang dunungnya ||

21. radèn ayu nulya amiranti | kinèn bêthak uwos sangunira | saking Mataram kathahe | wolulas dhacin wau | ulam dhèndhèng manjangan garing | sampun samêkta samya | botên luru-luru | sampun surup sang hyang surya | para mantri anulya dipun ingoni | sikêp gamêl warata ||

22. tabuh astha dhawuh babar ringgit | dhalang saking nagari Mataram | dèn anyari caritane | dhawuh lampahanipun | Kurupati dènira rabi | tiyang nonton akathah | jalu èstri wau | rare miwah ingkang tuwa | kaki-kaki nini-nini andhatêngi | tinuntun putunira ||

23. ambalabar tiyang aningali | rêbut papan margi kaanyaran | dhalang Mataram critane | tatag trangginas patut | yèn mayang Sang Parta jêmparing | Gurisa têmbangira | kathah èstri kenyut | ingkang kêdhik sêbutira | lajêng katut anggêndèr wontên ing wingking | saking sênênging driya ||

24. ya ta wau mantri ing Mantawis | pitung dina dènnya rèrèn samya | dèrèng rinilan wangsule | marmanya sikêpipun | dèn karsakna anambut kardi | adamêl wisma anyar | tuwin langgaripun | kang kinarya pasalatan | sampun dadya wisma miwah langgar alit | kunêng enjang winarna ||

25. para mantri nagari Mantawis | nuwun pamit mantuk mring Mantaram |

--- 60 ---

Sèh Jangkung pangandikane | hèh mantri ing Mantarum | iya bangêt panrima mami | sira angatêrêna | marang ulih ingsun | padha slamêta nèng marga | radèn ayu paring sangu para mantri | nyaringgit bundêr rata ||

26. radèn ayu angandika aris | sira mantri matura jêng sultan | salamêt lakuku kiye | mantri nêmbah umatur | gih sandika dhawuhing gusti | dyan ayu mundhut arta | dhatêng êmbanipun | ringgit satus kawan dasa | dèn bayarkên sikêp kang saking Mantawis | sampun radin sadaya ||

27. sigra budhal mantri ing Mantawis | ingkang numpak kuda kawan dasa | rumiyin wau lampahe | kang lampah dharat kantun | alon-lonan lampah nèng wingking | tan winarna nèng marga | wus praptèng Mantarum | pra mantri caos narendra | pan pinuju siniwèng para bupati | pangeran dêmang arya ||

28. dan dumrojog cumundhuk nèng ngarsi | mangastuti bungkuk konjêm kisma | mangkana wau unjuke | dhuh gusti sang aprabu | amba sami dhèrèkkên ngiring | raka paduka dènnya | kondur maring dhusun | wilujêng anèng ing marga | tigang dintên amba rèrèh anèng margi | asipêng anèng wana ||

29. enjangira nulya bidhal malih | pan sadintên lumampah kewala | dumugi wanci asare | lêmbu titihanipun | raka tuwan panêmbahaning | kalalu sayahira | lumpuh sukunipun | ambyuk tan purun lumampah | dèn gêbagi mêksa tan purun lumaris | lajêng dhepok kewala ||

30. raka tuwan lajêng anuruti | nulya mandhok ing ngriku [ngri...]

--- 61 ---

[...ku] kewala | anulya dados pondhoke | wontên wisma kadulu | jajar tiga kang dèn lêbêti | kawrat tiyang sadaya | kang saking Matarum | dalunipun raringgitan | dhalangipun inggih kang saking ing ngriki | kang miyat langkung kathah ||

31. mila amba kantos kandhêg lami | dipun sraya ing raka paduka | mantri tiyang sadayane | kinarsakakên bantu | amêwahi griya ing jawi | pondhokan tamunira | karya langgaripun | kinarya kang pasalatan | mung punika atur kawula jêng gusti | sampun kawrat sadaya ||

32. wontên malih amba dèn sangoni | tiyang sikêp pakathik sadaya | tiyang juga nyaringgite | kinarya ingkang sangu | kangjêng sultan ngandika aris | hèh mantri sun tarima | ing karyanirèku | kabèh mau kang carita | sun tampani kadi dhêdhalang angringgit | dhasar mantri wiweka ||

33. kangjêng sultan angandika aris | dhatêng Radèn Wayana Widagda | juru gêdhong ing lungguhe | kinèn amundhut gupuh | ing busana kang para mantri | sadasa kathahira | pangadêganipun | gya cumaos anèng ngarsa | nulya dhawuh kinèn maringkên pra mantri | sadaya wus warata ||

34. ingkang prapta saking dènnya ngiring | Kangbok Ayu Jinoli Sang Rêtna | wus katrima ing lakune | padatan Sultan Agung | lamun wontên kang antuk kardi | karya lêganing driya | ginanjar wus tamtu | lêgawa kêkucahira | datan arsa sugih ing donya puniki | mung wadya piniara ||

35. kunêng wau nagari Mantawis |

--- 62 ---

kawuwusa kang dhêdhepok anyar | ing kawitan wêkasane | salamine dhêdhukuh | Ki Sèh Jangkung saking Mantawis | kasêbut panêmbahan | samana misuwur | tiyang kathah mônca desa | dadya kathah ingkang sami andhatêngi | langkung gêmah dhusunnya ||

36. pandhenira dinèkèk ing ngarsi | Ki Bêrganjing pandhe namanira | dhalang anèng Banyol gone | ronggèngnya nèng lèr dhukuh | kampung Krajan arane tunggil | mranggi nèng Karangtêngah | wus sami ingatur | dhalang nami Ki Gulungan | jogètira kang nami Si Malarakik | mranggi nama Pradôngsa ||

12. PocungTeks asli: Pucung.

1. kang pinucung panêmbahan laminipun | pan sampun sawarsa | nèng dhusun Landhoh winarni | sampun arja akathah tiyang kang prapta ||

2. ya ta wau kang raka nama Nyi Branjung | ing dhusun Miyana | samana wus antuk warti | yèn kang rayi wus manggon nèng Landhoh desa ||

3. dhukuh kidul miwah antuk trimanipun | kang bakyu Jêng Sultan | Agung nagari Mantawis | wus kagarwa dhatêng panêmbahan ika ||

4. Nyai Branjung kalangkung sukaning kalbu | anulya siyaga | nêdya tuwi mring kang rayi | bêkta rencang kathahipun kalih wêlas ||

5. bêktanipun durèn ingkang wolung pikul | pêlême sarêmbat | kang kalih rêmbat kuwèni | lan kaluwak kêmiri dadya sarêmbat ||

6. Nyai Branjung anèng marga tan cinatur | enggalnya wus prapta | nèng Landhoh kidul winarni | kapang-kapang pinanggih lan arinira ||

--- 63 ---

7. Ki Sèh Jangkung gya mêthuk plataran pangguh | lawan ingkang garwa | Sang Ayu Rêtna Jinoli | wus salaman pan sarwi suka pirêna ||

8. ngacaran wus tumamèng wisma alungguh | samya jêjagongan | panêmbahan muwus aris | gih bok ayu punapa sami raharja ||

9. Nyai Branjung nauri wacana arum | iya kaslamêtan | dene bisa praptèng ngriki | tuwin lawas abangêt kangên manira ||

10. durèn iku darbèkmu kang ingsun gadhuh | nuju kabênêran | ana wohe kang nyalandri | wolung pikul iya iki ingsun gawa ||

11. kang rong pikul pêlêm badhèr ingkang awuh | kuwèni têmbean | kluwak kêmiri sathithik | kanggo bumbu garwamu yèn arsa mindhang ||

12. radèn ayu nulya nyunggata kang tamu | dhahar sêsarêngan | linadosan para nyai | bakda dhahar linorodkên rencangira ||

13. Nyai Branjung dènnya wontên Landhoh kidul | tigang dasa dina | sinuba-suba kang rayi | panêmbahan kalawan ing garwanira ||

14. samana wus pamit arsa wangsulipun | sampun jinurungan | tan kocap ana ing margi | sampun prapta ing wismanira Miyana ||

15. ya ta wau nulya ganti kang winuwus | ing nagari Tuban | wontên kraman pacak baris | sampun kathah jajahan têlukanira ||

16. arsa gêmpur dhumatêng nagri Matarum | kapyarsèng jêng sultan | nulya nimbali mring patih | sampun prapta kyana patih anèng ngarsa ||

17. jêng sinuhun nulya angandika arum | lah

--- 64 ---

patih prentahna | mantri prajurit pinilih | satus bae prajurit ingkang prayoga ||

18. besuk esuk ingsun budhal maring Landhuh | pan arsa rêmbugan | lawan kakang Jangkung ugi | kyana patih sandika ing aturira ||

19. jêng sinuhun jêngkar kondur angadhatun | patih mijil sigra | parentah mijipinilih | amung satus kang sami anumpak kuda ||

20. tan winuwus ing dalu duk enjangipun | wau sri narendra | wus mijil saking ing puri | gya cumaos titihan turangganira ||

21. sigra laju budhal saha wadyanipun | ginarbêg ing wadya | pêpilihan ngarsa wuri | wuri pisan para pikul kang anggawa ||

22. sakèh sangu miwah prantining lumaku | gotongan momotan | kêndhang gong bèri nèng ngarsi | kang têngara kalamun umangsah yuda ||

23. lampahipun yèn dalu lèrèh kêkuwu | kalih ari mangkya | dènira sampun lumaris | tigang dina duk praptèng marga tumingal ||

24. jêng sinuhun umiyat wau Sèh Jangkung | macul anèng sawah | dènnyarsa anyithak sabin | lamat-lamat katara saking mandrawa ||

25. gènnya dulu jêng sultan ngawaskên wau | maksih anênawang | sakilèning Purwadadi | mila karan ing mangkya dhusun Nawangan ||

26. duk ing wau purwanira Sultan Agung | nênawang kang raka | karan prapta ing samangkin | kangjêng sultan ingkang paring nama desa ||

27. sabin wau ingkang ginarap Sèh Jangkung | winastan pun Tamat | maksih karan prapta mangkin | gih

--- 65 ---

punika purwane carita kuna ||

28. dupi rawuh dhusun Landhoh Sultan Agung | gègèr apuyêngan | tiyang alit samya ngili | panarkane wontên tramankraman. ingkang prapta ||

29. èstri jalu tuwa anom ngungsi gunung | ingkang gadhah anak | alit-alit dèn bêktani | ingkang mêtêng samya manak anèng dalan ||

30. Ki Sèh Jangkung duk mulat ing rawuhipun | jêng sultan gya mapag | lawan garwanya kinanthi | sampun panggih sami sêsalaman sigra ||

31. jêng sinuhun katuran tumamèng wangun | anulya pinarak | anèng kursi munggèng kanthil | sinambrama rahayuning lampahira ||

32. ingkang bakyu arum wijiling pamuwus | nora ngipi ingwang | jêng sultan karsa têtuwi | wismaningwang datan duta paring warta ||

33. nabda arum jêng sultan wangsulanipun | milaningsun prapta | kakang bok mawa wigati | kang sapisan saking onênging wardaya ||

34. kalihipun lan pun kakang arsa pangguh | karya rêrêmbugan | mamrih rumêksèng nagari | gih pun kakang salami kanthi manira ||

35. radèn ayu nauri sabdanira rum | bêgja kamayangan | tanpa sama suka mami | luwih saking kabanjiran madu môngsa ||

36. yèn kalamun jêng sultan datan arawuh | maring wismaningwang | sasi Mulud ngarsa iki | wus sun sêdya arsa marêk mring Mantaram ||

37. yaktinipun watara ri jroning kalbu | gung karasa-rasa | saking onêng ingsun yêkti | iya maring nimas ratu garwanira ||

38. gung kadulu Ni

--- 66 ---

Ratu Kancanawungu | Dilêwih Sang Rêtna | miwah putranta pun kaki | dyan sudibya katon nèng padoning netra ||

39. jêng sinuhun nauri wacana arum | rahayu sadaya | tan ana ing kawis-kawis | salaminya kakang bok nguni anilar ||

40. marmanipun kakang iki ingsun rawuh | ngampiri pun kakang | arsa sun ajak mring nagri | Tuban ana karaman ingkang andadra ||

41. sarwi guyu panêmbahan aturipun | tan susah jêng sultan | angrawuhi maring Tubin | kapasrahna kula priyôngga kewala ||

42. yudanipun kraman Tuban ingkang nêmpuh | ing mangke sang nata | kantun lêrêma nèng ngriki | amba sagah nigasi jangganing kraman ||

43. nanging ulun inggih gadhahi panuwun | sikêp ing Mantaram | supados dhongkèla siti | ulun sambat anyithakna sabin ika ||

44. manthuk-manthuk jêng sultan ngandika arum | gih prayogi kakang | kula tunggoni pribadi | mung sapintên sitine ingkang kacithak ||

45. wadya sagung suka duk miyarsa atur | dene tan sumêlang | tan èstu ngadoni jurit | amung karya anglawan wrêksa lan kisma ||

46. radyan ayu panêmbahan nulya dhawuh | kinèn mragad menda | kêbirèn lêlima iji | miwah tiga gudèle karya sunggata ||

47. datan dangu samakta ratênganipun | juru madharannya | pancèn cikat atarampil | yèn lah-olah tan dangu matêng sarweca ||

48. caos ngayun nulya bojana sang prabu | lan raka

--- 67 ---

sarêngan | langkung rêsêp ing panggalih | bakda dhahar linorodkên para wadya ||

49. warata wus sunggatanira apênuh | praptèng sikêp samya | tan beda para pakathik | tuwuk samya tan ana ingkang klangkungan ||

50. sarêng dalu dhalang tinimbalan sampun | kinèn aringgitan | akathah tiyang ningali | ingkang ngili anèng wana sami prapta ||

51. tan winuwus dènira kasukan dalu | warnanên duk enjang | panêmbahan nulya pamit | mring jêng sultan amba bidhal dhatêng Tuban ||