Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

652. Asmaradana

1. Warnanên Ki Jayèngrêsmi | lêpas dènnira lumampah | wong roro lawan arine | samarga apagunêman | atakèn-tinakènan | sasolahira ing dalu | pan sira wus kinawruhan ||

2. Kaya wanèh amangsiti | ingsun maring polahira | Ki Jayèngraga ature | adhuh kakang apan nyata | anging sun-kapakêna | tan mariya sampun antuk | bilih warising sarira ||

3. Wite kakang ingsun ajrih | lênggana awarta tuwan | tan saking ingsun mulane | ingsun kakang pinidosa | angling Ki Jayasmara | adhuh yayi ariningsun | bisa karya pasêmbitan ||

4. Ewuh kawruh iku yayi | lamun kirang ing pangrêksa | kang angrusak lampah rêke | luputa dènnira tampa | rusak kang tatakrama | atêmah cumulu-duru | kakang manira anêdha ||

5. Eling-eling aywa lali | ing wangsit yayi punika | pan tan ana wipalane | akèh uga wong tan arsa | ing lampah aywa lena | dipun nastiti ing laku | aywa lumaku dursila ||

6. Kang rayi dipun amanis | dèn amurah tanganira | dipun-arum pangucape | dèn-asuci ing tyasira | ulat lan sênêngira | sampun kundur dening ayu | sampun karakêt ing dunya ||

7. Ing atinira ta yayi | sampun pêgat pujinira | dèn-asru widi§ Prayoginipun / wêdi /. Hyang Manon | aywa angambah larangan | -ing Hyang iku tan wênang | wontên ta salokanipun | nênggih saking kapujanggan ||

--- 11 : 70 ---

8. Dasa-sila wastanèki | sila lungguhing lumampah | sadasa prakara kèhe | nênggih rêke salokanya | dhingin ika waweka | santika dasa-silèku | kaping pate munasika ||

9. Ping lima gorastra yayi | ping nêmipun parisuda | ping pitu nir naya ranne | kaping wolu lana ika | kaping sangane iya | karuna-murti rannipun | jangkêpe kaping sadasa ||

10. Paksa gumisa sun yayi | apitutur marang sira | kèwuhan ing lampah dhewe | ingsun yayi durung wikan | pindhaning rowang lumampah |Lebih satu suku kata: pindhaning wong lumampah. sira yayi lawan ingsun | lah sami tuntun-tuntunan ||

11. Lêpas lampahe lumaris | prapta ing wukir Ujungan | kapungkur ing Luraharo | sumêngkèng gigir parwata | akèh desa kamargan | marga kèh simpanganipun | marganya sunya asimpar ||

12. Sumêngkèng gigir anolih | mawungu lan kalênglêngan | tumingal ing lurahane | akèh desa kang kawuryan | kongang ing Wanamarta | Siluhung katon angunggul | kadya akèn awangsula ||

13. Ing Tani ika kaèksi | aputih karêthap pelag | pating paluncar kukuse | sakèhing desa kawuryan | nora tanpa kukusa | ana anggaru maluku | lumaris Ki Jayasmara ||

14. Marga jro jurang arumpil | anut têpining parangan | siluk-siluk marga rèjèng | sêlanya atundha-tundha | ing parang sinarasah | lumut awilis ing watu | lir amêdhar ing kurimang ||

15. Swaraning giri kumrisik | hèr muncar saking ing parang | angênani sigrong-sigrong | kongkang munya babarêngan | kadi wong sasêmayan | ing benjang ngalêbu parung | abela ing kakung pêjah ||

16. Sela gêng angapit margi | marang ginggang alêmpitan | alikak-likuk margane | anut têpining luh parang | pacêt lir atitindha | kadulu pating palêngkung | anèng ron miwah ing sela ||

17. Sumêngka lampahira ris | sêmuning tyas muga-muga | kalêson lampahira lon | araryan lungguh tumingal | dhukuh taruka anyar | lagya wontên madya taun | anglut ngajêngakên Simpar ||

--- 11 : 71 ---

18. Kang adhukuh tuwa-tuwa | wus lali ing tatakrama | kaya duk anom polahe | agung (m)bêdhèl palèngkèngan | anggung agugujêngan | bisa mamêtokkên guyu | karamyaning bocah-bocah ||

19. Sing gawe wus dèn-lakoni | sêkaliring pagaweyan | ing kina kala anome | wisaya ring karawitan | apandhe akêmasan | asungging wisayanipun | mêranggi miwah amayang ||

20. Sing ringgitan dèn-kewuhi | amayang purwa wus bisa | kaya dhadhalang polahe | miwah yèn wayang carita | akèh wong kang angundang | karucil wisayanipun | miwah yèn andongèng bisa ||

21. Nora na kang dèn-guroni | angawula ing pandhita | warêg sinung cipta mangke | dèrèng angsal papagêran | malah têkèng ngatuwa | kaya duk walakanipun | mulane manjing ing sunya ||

22. Sing (m)bawani wong utami | tinêpa kirang aksara | kadhang-kadhang paksa rare | kadhang paksa wong susila | kadhang paksambêg tapa | kadhang rêksa wruh ing laku | kadhang pêksa amiweka ||

23. Akèh desa kang dèn-(ng)gonni | pan dèrèng gênêp sawarsa | prawan asring amèt ênggèn | akèh kang angayo ala | kêdah anèng Ngasimpar | karane angungsi (ng)gunung | adhêkah ing Sidapaksa ||

24. Saksana dènnya lumaris | Jayasmara Jayèngraga | sarya andulu desa kèh | akathah desa kawuryan | gaga-nya lurah-lurah | kara-nya nut pinggir lurung | anjujug ing Sidapaksa ||

25. Tulakan tirah ing margi | pararyanan wong adagang | tan pêgat ponang wong rèrèn | mandira nom tumaruna | adus Ki Jayasmara | lawan Ki Jayèngragèku | sampun sami parêng mêntas ||

26. Sampunnya busana kalih | alinggih anèng mandira | asêpi ponang wong rèrèn | kêsêpèn Ki Jayasmara | angling Ki Jayèngraga | lah mampira kang mring dhukuh | [...] ||Kurang satu baris: 8a.

27. Apênêt yayi puniki | bilih wontên pararyanan | tur awèh pangan ing mangko | riris alit sampun niba | lah yayi rumiyina | prandene sun atut pungkur | lumaris Ki Jayèngraga ||

--- 11 : 72 ---

28. Nênggih parèrènan asri | parèrènan wong dagang |Kurang satu suku kata: parèrènan wong adagang. Ki Jayèngraga nabda lon | punika ya papatanyan | nêdha sami araryan | tan wontên sisikunipun | sarawuhira gya raryan ||

29. Wong kalih samya alinggih | anêpi kang parèrènan | tan ana atunggal ênggon | dangune mapan mangkana | risaksana tumingal | gamêlan akèh kadulu | iki baya kang amantya ||

30. Salung gambang rêbab suling | gubar kêndhang lawan guntar | calapita orong rame | calêmpung anèng papaga | bèndhêng lawan nuragan | sanepa lawan balêdug | kacaryan Ki Jayasmara ||

31. Asuwe tan ana mijil | miwah kang wong liwat (n)dalan | kang aduwe pamarantèn | saksana mangke tumingal | layang Suluh Rêtna-ja | Ki Jayèngraga ingutus | lah yayi amamaca-a ||

32. Layang ginayuh tumuli | sinukma winacèng driya | Ki Jayasmara dêlinge | yayi dèn-asru amaca | angling Ki Jayèngraga | dèrèng sagêd ta pukulun | kakang sêkar Palugangsa ||

33. Lah kakang wurukên mami | apan têmbang Palungangsa | dèrèng tama ing têmbange | lah kakang andika waca | Jayasmara pratama | ginangsul swaranira rum | pindhane amikat swara ||

34. (ng)Garjita tyasira tangi | Ki Tuwa dènnira nendra | pan awuru maju gênje | tumurun maring patamyan | Ki Jayasmara wikan | Ki Tuwa alon amuwus | ki putu samya linggiha ||

35. Tumulya anyapa aris | Ki Tuwa mring tamunira | dhatêng pundi putu mangko | miwah rêke wismanira | anyar putu kawuryan | Ki Jayasmara tumurun | kula saking Wanamarta ||

36. Wong umbaran ingsun Kaki | kang kasêdya Ngardipala | têbah baya saking kene | Kaki Tuwa awawarah | nora patiya têbah | manawi ta tigang lauk | kajujuging Ngardipala ||

37. Sabênne saba ing ngriki | siswane Ki Amongkarsa | sampun salah tampi mangke | ingsun atakon sajarwa | putu apa sinêdya | Ki Jayasmara amuwus | inggih Ki Sèh Malangkarsa ||

38. Awasna punapa kaki | dènnira Sèh Malangkarsa | sampun salah tampa mangke | Ki Jayasmara angucap | pawong sanake kuna | duk angumbara ngalangut | angaji (ng)gunung Pacira ||

--- 11 : 73 ---

39. Ki Tuwa amardi angling | punapa putu sinêdya | sun-tingali putu mangke | asêmu kaprihatinan | Jayasmara sajarwa | anglati sanakingsun |Kurang satu suku kata: angulati sanakingsun. èstri ilang lan cèthinya ||

40. Sun-ulati tan kapanggih | kèdêran ing nungswa Jawa | anging tan ana wartane | yèn mati utawa gêsang | paran (ng)gèn ngulatana | muksane sumêngkèng gunung | bilih wontêna awarta ||

41. Ki Tuwa awas ningali | adhuh kaki putuningwang | aja ge sira gung atèn | lah iku sun-gugujêngan | sun nuli kèn petangan | saparanne dagingipun | Ki Tuwa nulya winarah ||

42. Tambangraras arannèki | duk alit mila punika | Ki Tuwa ametang age | dèn-ruruh ing palintangan | Jadi lintange ika | bêcike iku anusul | agêsanga manggih bagya ||

43. Ki Jayèngraga ngyêktèni | ing petangane Ki Tuwa | Kaki Tuwa ingsun mangke | lah pitungên araningwang | Jayèngraga punika | Ki Tuwa sigra angetung | tumiba ing lintang ngamal ||

44. Lintang iku gêni kaki | amukti nora na lawan | mung ing sagara rusake | iku kêni§ Prayoginipun / gêni /. ing naraka | karane iku rusak | tan kêna amungsuh banyu | rusake anèng sagara ||

45. Kakênan Ki Jayèngrêsmi | ing petangane Ki Tuwa | lah etungên ingsun mangke | Jayasmara araningwang | aglis sira ing petang | nuju lintang Ngamal iku | tunggal lawan arinira ||

46. Angling anukma ing ati | tuhu bisa Kaki Tuwa | amanoara wuwuse | manira kaki anêdha | punapa lamat tuwan | sanakingsun kang sun-ruruh | kapanggihe lawan ora ||

47. Aglis saure aririh | Kiyai Tuwa mamarah | sampun walang-galih mangke | pan kapanggih ing petangan | wus anèng Ngardipala | duk lungane ingsun-wêruh | birai marang ing priya ||

48. Kadi winêlêgan mangkin | lir siniram ing amarta | dening warta jati kabèh | Kaki manira pamitan | age prapta ing sêdya | Ki Tuwa angampah asru | dening lagi sangêt na-as ||

49. Yèn sampun nalika jati | putu sawêg tumindaka | Ki Jayasmara dêlinge | ingsun Kaki warahana | ing wilangane sangat | Ki Tuwa [Tu...]

--- 11 : 74 ---

[...wa] aglis atutur | ing sangat catur prakara ||

50. Sangat sakawan puniki | lumampah dalu lan siyang | èngêtêna ing lakune | karuhun Mati punika | EbènÊbèn. kaping kalihnya | kaping tiga Rèhên iku | kaping pat Ihrak wastanya ||

51. Mangali Jaki puniki | minulyakkên ing Pangeran | rahayu tan na cacade | barang-barang si pakaryan | miwah kita yèn aprang | syuh sirna mungsuhirèku | raharja lir mas kumambang ||

653. Maskumambang

1. Ing bêcike umarêk maring narpati | lan marêk punggawa | lamun anak mêtu bêcik | ing sangat Jaki punika ||

2. Lamat maratapa dhasaripun alim | asabar ngulama | iku pamanggihe ugi | abêcik utawa ningkah ||

3. Kang awasta Mangali ngêmbèn puniki | bêcik iku ora | ala iku ora ugi | pakantuke mung satêngah ||

4. Kaping tiga êrèhên puniku singgih | sipat angin ika | suwung pamanggihe ugi | kang sipat gêni punika ||

5. Yèn kalanira umarêk ing narpati | tanpa bara-bara | malah dadi sukanèki | mênêng Ki Tuwa tan ngucap ||

6. Jayèngraga nambungi anabda aris | pan sami punika | mêdhèl pranêsaneprênèsane. ugi | bisa-a mamêtu ajar ||

7. Pan gawokan sabarang karya tan sisip | pan sun-gawe mokal | sawignyane wong puniki | pasthi ana kang alêpat ||

8. Lah suwawi Kaki ajarwa-a malih | ingsun warahana | sabarang caritanèki | Kaki pajarên sadaya ||

9. Alon ngucap Ki Tuwa sambung aririh | duk ingsun walaka | tan na pilih barang kardi | ing kina duk angumbara ||

10. Anèng gunung Pacira puniku dhingin | lami nèng Pacira | usul ingkang kula aji | tamat Tipèk ukummolah ||

11. Lama-lama akèh wong ngaji maring mami |Lebih satu suku kata: Lama-lama akèh wong ngaji mring mami. Nahwu lawan Sarap | miwah Usul-suluk sami | akèh kang wong lunga têka ||

--- 11 : 75 ---

12. Mung sawiji ingkang durung myarsa sami | ngèlmu pipingitan | basa kawi ingsun sugih | kawi saking kapujanggan ||

13. Wikaningsun kawulane iku nguni | nênggih sangkanira | saking êmpu iku nguni | wasta Êmpu Yogiswara ||

14. Kawi saking Bratayuda Udayani | Arjunawijaya | Wiwaha lan Boma-tèki | lan praja Sambang-salukat ||

15. Ing Madanasraya Asmaradanèki | Canthaka Wijatya | Ramayana Sastra-niti | Santa-wacana rowangnya ||

16. Candramuka mulanya Pustaka-adi | Kalima-usada | piturut ing Hyang puniki | katurun ing Kawiradya ||

17. Beno Suprasena Jiwatma sotani | Nyapawitra tunggal | lawan Kurawasrayèki | miwah ta Sambang Lalana ||

18. Gathotkaca Limananyana palabdi | sikêp sirna ilang | tingkahe wanggara ugi | ing panah putus sastranya ||

19. Danurwenda putus angolah turanggi | putus limanira | kaliotrane misani | sugih kuda panêgaran ||

20. Panggêritan lago siksa putu-mami | pan sampun pratama | ing karawitan wus wasis | ing wayang ringgit gamêlan ||

21. Nora luput prapta ponang boga bukti | lêpas tiningalan | anak putu sadayèki | sisanira mawi boga ||

22. Lêgèn têbu woh-wohan kèh warni-warni | sêdhah wohan miwah | toya ing cunthang sumandhing | laladèn pêpak sadaya ||

23. Kyai Tuwa pangandikanira aris | lah padha linggiha | Ki Tuwa nyugatèng tami | lah putu sami dhahara ||

24. Anak putu kabèh mareneya sami | padha sogata-a | marang ing tatamu-mami | aja na agagalangan ||

25. Jayèngrêsmi kawêkèn micarèng galih | baya têmên uga | kabèh tuture ing mami | wus wisan dènnya dhadharan ||

26. Wus linorod nyamikan lumintu prapti | Ki Tuwa lingira | marang anak putunèki | miluwa tamiyan sira ||

27. Tuduh dalan baliya simpangan bêcik | yèn nora rinilan | aja lênggana sakapti | wus mangkata putuningwang ||

--- 11 : 76 ---

28. Praptèng mangsa sampun walang-galih malih | panggih kang sinêdya | Jayèngasmara wus pamit | Jayèngraga tansèng wuntat ||

29. Lampahira Jayèngraga Jayèngrêsmi | titiga rowangnya | lawan kang atuduh margi | kang tinut margi simpangan ||

30. Anut têpi-têpining pagagan asri | taruntun banjaran | dinulu tan pati têbih | ing Ngardipala prênahnya ||

31. Gigir wetan kongas masjide kaèksi | lah uwis baliya | ingsun alaju pribadi | anut têpining srêngkara ||

654. Dhandhanggula

1. Dyan warnanên dhukuhe kaèksi | ing Ngardipala iku kawuryan | katon amunggul masjide | muncar mastakanipun | rinumpaka linepa putih | kasênênnan raditya | alêp yèn dinuju | wali kadhêp kapawanan | kêdhap-kêdhap kadya ngawe ingkang prapti | kadya kèn malêbuwa ||

2. Enggar manahe Ki Jayèngrêsmi | tumingal mangke tatandurannya | kitri asangkêp rakite | tinon asri anglangut | pucang dênta lan pucang ranti | samya ambabar mayang | gandane sumrubut | sawêdharing mayang mêkar | kadya gêlunging dyah lukaring pulang sih | sajroning papajangan ||

3. Pala gumantung wohnya andadi | manggis kapundhung jirak kokosan | drêsana langsêp lan durèn | woh ijo lawan sêntul | lan abawang wunglon kêcapi | wohnya aglar ing marga | lêpasing amupu | padha jajar-jinajaran | wohira glar kang rondhon salak kadadi | jambu wor ambaranang ||

4. Alon-lonan dènnira lumaris | Jayasmara marang arinira | sampun prapta banjarane | lêngêng arsa andulu | upacaranira angrawit | warnaning kang kusuma | kawuryan alangut§ Prayoginipun / anglangut /. | ajajar lawan amirah | parijatha tinata jaga kasturi | Jayasmara kacaryan ||

--- 11 : 77 ---

5. Kêmbang abang ajajar lan putih | kêmbang kuning jajar lawan nila | tuturutan upamane | tinon asri anglangut | yèn winawang kang pendah tulis | mangke upamakêna | warnane dinulu | yèn pasara pèngeberanpêngeberan. | yèn dododa ruruwitan upamèki | rinêngga pinarêman ||

6. Patani ika tinon angrawit | atarab gambar abatur sela | ukir-ukiran watonne | ginalaran pring tutul | apalisir jingga kasturi | Ki Jayasmara mulat | tulise kadulu | sinurat gambar naraka | kang sasisih tinulis swarga di luwih | Jayèngraga karênan ||

7. Lintang sukane Ki Jayèngrêsmi | lawan sukane Ki Jayèngraga | upacarane arame | lampahnya mandhêg mangu | Jayèngraga angling ing ati | pangalême kalintang | Jayasmara muwus | bisane Ki Malangkarsa | bagus anom pandhita asramèng budi | tur putus ing aksara ||

8. Masjid agung linepa angrawit | tinundha tiga apayon sirap | lawang ingukir tangkêbe | kinikisan pring wulung | gêgêlaran kasah kalimis | wirancak-suji kêmbang | rêsik nataripun | katongan pujangga puspa | kapurancak sakèhe kêmbang awangi | munggèng têpining tirta ||

9. Akèh kaume padha ngidêri | rewange padha amangun tapa | Sèk Pariminta kang bang lèr | Sèk Modang kang bang kidul | ingkang wetan Sèk Amongsari | kilèn Sèk Trêsnaraga | samya mangun ayu | tan pêgat bêkti maring Hyang | antya anèm-anèm sira samya bêkti | tan akulinèng dunya ||

10. Sèk Malangkarsa ta anèng masjid | wikan lamun yèn sanake prapta | susugun bungah manahe | dènnya sung salam asru | Malangkarsa ika nuruni | sigra anjawat tangan | arine dèn-rangkul | asung bêkti Jayasmara | asugata Sèk Malangkarsa lingnya ris | bagya yayi dhatêngan ||

11. Alama ingsun ora kapanggih | saking panarkaningsun ing sira | singgih wus palêstra mangke | lami nora katêmu | kaya ana tridasa warsi | duk ana ing Pacira | sring sun-ucap dalu | kangên yayi sun mring sira | anauri wacana Ki Jayèngrêsmi | kakang kawula nêdha ||

--- 11 : 78 ---

12. Dèn-lirik mangke Ki Jayèngragi | punika yayi awasna paran | Ki Jayasmara saure | sanak manira dulur | Malangkarsa amuwus aris | yayi dèn-apracaya | nora beda ingsun | yayi dene sun sasanak | Jayèngraga sumaur wacana aris | kakang manira nêdha ||

13. Dèn-bêkta mantuk Ki Jayèngrêsmi | Ni Ulangan sanakira prapta | kang sira ruruh lawase | Ni Ulangan agupuh | dènnya nyapa bageya yayi | wus anggêlar kalasa | rarene dèn-ruruh | asasaos apucangan | wus sumaji pucangan angancarani | lah yayi amucanga ||

14. Gupuh-gupuh arsa amêmuji | Ni Ulangan arsa olah-olah | nora nganti ing rowange | maring pawon agupuh | arsa ngambil sira kuwali | dandang cinandhak sigar | tugêl tumangipun | kang rerewang taragalan | kulit keyong ginêcêg singgih§ Prayoginipun / sêngguh /. kêmiri | kimpul dinalih barang ||

15. Tatanggane padha ngudanèni | yèn Kiyai mangkya katamuwan | anom tur bagus warnane | parawan sami rawuh | lingsènira angrêrewangi | sigra-sigra ing lampah | Ni Wulanjar kidul | ramane mangkya atanya | Ni Wulanjar marang ngêndi sira nini | Kiyai kadhatêngan ||

16. Parawan ika pating kalêsik | Ki Jayèngraga paranning tingal | mambu-ati pangucape | kang sawênèh amuwus | baya ika anênontoni | baya sira dèn-lamar | lamun ni (m)bok iku | sêdhêng yèn angguguyuwa | amrih paran olèha kayèn-sun iki | mudha Rara Kasiyan ||

17. Bu-lah§ Prayoginipun / mBuh lah /. kang kaya sira puniki | Rara Diryasa gênah sarupa | parawan bangkit ing gawe | sauripun asêndhu | salah tunggal parawan singgih | ingsun iki karuwan | lamun mindha jugul | kaya ora kaduk mudha | kadadawan wuwuse asêmu runtik | dadya ulêng-ulêngan ||

18. Rara Kêmprèng tansah gorah-garih | mêtu (n)jaba (n)dadak kowang-kowang | kaya kapinjal polahe | tan pêgat manjing mêtu | Jayèngraga dèn-kalènjèn |Guru lagu seharusnya: 9i, Jayèngraga dèn-kalènjèni. polahe atênaga | lingsême

--- 11 : 79 ---

angangsu | mêtu (n)jaba ragan-ragan | buyung waluh dèn-kêmbang dèn-patut suling | têmbange Jagamangsa ||

19. Olah-olahan matêng sumaji | Ni Ulangan wusing olah-olah | angutusi ing rowange | kinèn sasaji sêkul | Ni Ulangan asaji warih | nulya alêkas dhahar | wusa imbuh sêkul | mangkana Sèh Malangkarsa | tatamune anulya dèn-ancarani | lah yayi atêdhaka ||§ Prayoginipun / anêdha-a /.

20. Ki Malangkarsa alon ngecani | salaminira amangun tapa | angilangi kanêpsone | tuhu amangun ayu | anging lamun ana tatami | ingkang ngecani sarak | lir adhahar sêkul | bisa ningitakên lampah | riya kibir sumêngah kang dèn-singgahi | asri asih Hyang Sukma ||

21. Ki Jayasmara ngundikèng§ Prayoginipun / ngandikèng /. galih | si kakang bisa anukmèng lampah | dèn-singitakên lampahe | netya katarèng sêmu | sumêngahe kang dèn-singgahi | lir nuhoni tan wikan | kadya nukmèng laku | tan ayun kabayan jara | kang sawênèh lampahe karaga rai | sampun dènnira dhahar ||

22. Suruping Arka gumantyèng wêngi | Ki Malangkarsa ika sêmbahyang | wêktu Mahêrib wayahe | Ki Jayasmara tumut | wusnya bakda linggih surambi | lawan Ki Jayasmara | Malangkarsa muwus | yayi paran jujugira | Jayasmara sumaur wacana aris | kakang jujug-manira ||

23. Dèningsun (n)jujug kakang mariki | angulati kakang sanakingwang | èstri tan wikan paranne | linggar kalaning dalu | cèthinipun ika satunggil | ika rewange lunga | wus manira ruruh | kèdêran lurah Jênggala | ing Kadhiri ika kang wus sun-ulati | miwah ing Lêmbuasta ||

24. Parandene kakang tan kapanggih | karan manira dhatêng kapara | manawi parêng wartine | ing wong adol atuku | Malangkarsa wacana aris | mêngko ingsun popoyan | iya sun angrungu | Rubiyah ingkang lêlana | karo cèthi awasta Ni Selabranta | sambate Wanamarta ||

--- 11 : 80 ---

25. Ing Wanantaka ênggonne yayi | Sèh Mangunarsa sanake ika | nênggih kaakên ipene | kang awarta maringsun | Ki Sèh Modang wastanirèki | mêngko uga pan têka | wus kongkonan ingsun | awarta yèn na dhatêngan | Jayèngraga wuwuse anggêgêrèhi | lah kakang pinaranan ||

26. Sèh Malangkarsa anyuwalani | benjang-enjang yayi pinaranan | manira turut andhèrèk | arsa wruha katèngsun | ing wartane kang sun-yêktèni | nênggih lakine prapta | Rubiyah puniku | awasta Sèh Amongraga | nênggih kokum linabuh nora wigati | duk anèng Ngaksiganda ||

27. Anging tan kêna tirunên yayi | ing polah iku yèn wus dumduman | tan gingsir ing kadadènne | mapaning laku iku | alayaran sagara agni | amêgata sawangan | angêkêp majêngku§ Prayoginipun /. | yayi mangsa kapanggiha | Jayasmara sumaur saha tur bêkti | kakang manira nêdha ||

28. Yèn tan alayar sagara isih | ing lampah yayi mangsa panggiha | kang aran aliru rêke | ewuh ingsun angrungu | kang ingaran aliru yayi | lir lalandhêping pêdhang | nugrahaning kawruh | pan kang aran kanugrahan | iku yayi anampani sihing jati | kang tinampan nugraha ||

29. Apan nugraha puniku yayi | dudu arannira kang awêyah | loba-a karsaning ngakèh | kanugrahan puniku | nênggih rêke walêsaning sih | kaliye kang nugraha | ing pralambenipun | lir angilo ing paesan | wawayangan kanugrahan sêmunèki | kang angilo nugraha ||

30. Apan sêmune angilo iki | amung wikan ing kaananira | anjatèni ing kasiye | sêmu angilo iku | sinung tingal marang Hyang Widdhi | dadya ngèstokkên sira | ing pangakênipun | yèn tunggal purwa wisesa | iya iku sêmune walêsan yayi | iku sira dèn-awas ||

31. Patêmon iku aranne yayi | kadyanggane toya sin lan tawa | apupul iku karone | sira pupule iku | nora kêna ngaran jaladri | miwah ingaran tawa | anta arannipun | anta iku kanugrahan |

--- 11 : 81 ---

amintuhu§ Prayoginipun / amituhu /. arine anggunggung wêdi | kakang manira nêdha ||

32. Yèn wus sirna tawaning toya sin | kawimbuhan ananing sagara | antya sirna kajatène | asining sagarèku | kang jumênêng puniku yayi | anging ingkang sagara | kang sêdya purbèku | iku yayi panarima | kang ingaran sagara kang tanpa têpi | iku sira dèn-nyata ||

33. Mangkana malih sirnaning cêrmin | rupa jro iku paesan sirna | pantês rupane dhèwèke | kang siniyan kalimput | dadya jêngkar rupa pribadi | liwung tan nana wikan | kadya duking dangu | sêdya wruh pribadinira | Jayasmara sumungkêm ing padanèki | lawan Ki Jayèngraga ||

34. Kalangan dening Ki Modang prapti | wacananira Sèh Malangkarsa | prapta kabèh sakaume | Sèh Pariminta rawuh | miwah sira Sèh Amongsari | wikan yèn na dhatêngan | ingancaran gupuh | dènnira Sèh Malangkarsa | prapta kabèh kaume samya sung bêkti | Sèh Modang Pariminta ||

35. Asuwe yayi sun anti-anti | kakangira yayi kadhatêngan | nênggih ngulati sanake | kesah kalaning dalu | ingkang lunga rêke puniki | èstri datan karuwan | lan titiyangipun | darmane tan ana wikan | titiyange wasta Ni wadon Cênthini | wismane Wanamarta ||

36. Sèh Modang mangkya amuwus aris | manira kakang angrungu warta | nênggih Wanamarta rêke | wontên Rubiyah rawuh | wastanipun Ni Selabranti | ayu anom lumampah | lan titiyangipun | sami rêke nandhang bawa | titiyange awasta Ni (m)bok Cênthini | sambate Wanamarta ||

37. Ki Jayasmara ika nauri | punika kakang mangsa dedeya | sambada lawan sambate | nanging prabedanipun | Tambangraras wastane yayi | manawi silih aran | Selabranta iku | amuwus Ki Jayèngraga | sabdanya sru kakangira dèn-jak gipih | lah kakang pinaranan ||

--- 11 : 82 ---

38. Sèh Modang ika amuwus aris | baya lami manira miyarsa | wontên kalih dina kiye | kang awarta maringsun | Santri Monthèl wastanirèki | nênggih ingakên siswa | dene ipenipun | awasta Sèh Mangunarsa | awawarah nênggih kinèn awèh tulis | dhatêng ing Wanamarta ||

39. Sèh Malangkarsa amuwus aris | lah ta yayi mangke nêdha milang | sitangsu lagya angayom | Jayasmara amuwus | lah ta nêdha kakang sun-iring | arsa tumut sadaya | wau kaumipun | wus adan Ki Malangkarsa | angimami ing salatira Subêkti§ Prayoginipun / Subêki / = Subuh. | paragat asasalaman ||Lebih satu suku kata: paragat sasalaman.

40. Wusing dhikir luwaran anuli | samya tata nèng surambi lênggah | sumaos pasunggatane | dhahar sèmèkanipun | ingancaran sami wawanting | akêmbul parêng§ Prayoginipun / sarêng /. nadhah | tan taha anutug | luwarira cinarikan | nulya rawuh Ki Monthèl amawi tulis | yata auluk-salam ||

41. Sigra anjawat§ Prayoginipun / ajawat /. tangan alinggih | ing ngarsanira Ki Jayasmara | Ki Monthèl alon wuwuse | punika salamipun | dhatêng tuwan rêke dèn-sami | sungana rahmat Tuwan | ring panêdhanipun | awasta Sèh Amongraga | jalma ina kasiyan asih ing Widdhi | tuwan anêdhakêna ||

42. Sampun sinauran salamnèki | dènnira mangu Sèh Malangkarsa | amicarèng jro driyane | punapa sêmunipun | Amongraga kaya puniki | dene akirim salam | pan ingsun durung wruh | ragane iki wus wikan | Jayasmara Jayèngraga anèng ngriki | pantês wus kinawruhan ||

43. Sèh Pariminta dèn-bisiki |Kurang satu suku kata: Sèh Pariminta dèn-bibisiki. iki sing tandhane wong kawasa | dèn-alingi kawasane | lantip pasêmonipun | pan manira yayi amanggih | rêke ing wong kawasa | tan kandhêg ing ngriku | tan arsa wiwal ing Sukma | ing karamat kabotan angriribêdi | pan salah tur kabotan ||

--- 11 : 83 ---

44. Sèh Malangkarsa amuwus malih | lah bageya rêke kang utusan | punapa kinon ing gawe | santri Monthèl lon muwus | pan kinèngkèn manira iki | dhatêng ing Wanamarta | ngêmban suratipun | kang wasta Sèh Amongraga | asung warta ing wong sanak yayah bibi | yèn anèng Wanantaka ||

45. Lawan kinèn mampira ing ngriki | asung salam donga dhatêng tuwan | ingkang sinung panêdhane | tuwan-kujana§ Prayoginipun / tuwan sujana /. kasub | lawan tuwan amangun singgih | putus ing wicaksana | Malangkarsa muwus | ayun wruh tanduking layang | sampun sinung nawala dipun-tampèni | dening Ki Malangkarsa ||

46. Gya winaca mring Jayèngragèki | nawalanira Sèh Amongraga | kaayut ing manah tanduke |Lebih satu suku kata: kanyut ing manah tanduke. punika layangipun | putra tuwan katur ing bibi | miwah katur ing rama | kawula asung wruh | yèn putra tuwan sih gêsang | Tambangraras Amongraga ika prapti | wontên ing Wanantaka ||

47. Miwah mring ariku Jayèngrêsmi | lawan riningsun Ki Jayèngraga | dèn-agung pangapurane | duk lunga tan asung wruh | kakangira kabyukan branti | trêsna ing ipenira | marmane anglangut | ing dalu tansah supêna | Jayasmara yèn sira arsa atuwi | maranga Wanantaka ||

48. Ki Jayasmara angrês ing ati | amiyarsa tanduking nawala | tambuh duk mijil waspane | wiyose manah sêgul | miwah rêke Ki Jayèngragi | wuwus tan kêna mêdal | adrês awêtu luh | wuwuse Ni Tambangraras | layang tiba ing siti datan udani | kantu Ki Jayèngraga ||

49. Sèh Malangkarsa ngandikèng galih | iki si ewuhing wong lumampah | kèwuhan dening trêsnane | karane apa kondur | Ki Sèh Modang dèn-kujiwati | iki mungsuh digdaya | Sèh Modang anuwun | amuwus Ki Malangkarsa | kang tinêdha sih pitulunging Hyang Widdhi | muga tulusa kêna ||

--- 11 : 84 ---

50. Mangkana malih Ki Jayèngrêsmi | kaputungan manah tanpa ngucap | tumingal dening arine | anglilir dènnya kantu | Jayèngraga ika alinggih | lawan Ki Jayasmara | kalih sami sêgul | arsa sira nandhang hawa | amartapa sisilih Ki Amongrêsmi | lawan Ki Amongkarsa ||

51. Wus sinambrama Ki Monthèl amit | Ki Jayasmara ika angucap | ingsun wawêkas Si Monthèl | manira kirim atur | aturêna ing yayah bibi | yèn sun nèng Ardipala | sampun walangayun | wus amit anjawat§ Prayoginipun / ajawat /. tangan | santri Monthèl saksana mangkat tumuli | ninggal Sèh pra nonoman ||

655. Sinom

1. Wus lêpas ing lampahira | Ki Monthèl sigêg kang kari | Jayèngrêsmi Jayèngraga | amit ing gurunirèki | linggar arsa martapi | mring Ngardisalah jinujug | yata Sèh Malangkarsa | wus jumurung angidèni | wus linilan gya mentar saking ing ngarsa ||

2. Ingatêr kalih mitranya | Sèh Modang lan Trêsnaragi | tan cinatur lampahira | praptèng sasana amupit | kang ngatêr wus amulih | gantya malih kang cinatur | kang kèri nèng karajan | Wanamarta garwanèki | Jayèngrêsmi lan garwane Jayèngraga ||

3. Ni Turida wastanira | kalawan Kèn Rarasati | wus supe ing dhahar nendra | tansah anahên rudatin | angga sawang laywaning | apsari saya anglayung | lir kèntara kanginan | sarira asalin warni | Ni Turida tan pêgat agung§ Prayoginipun / anggung /. karuna ||

4. Lara-lara bratanira§ Prayoginipun / brantanira /. | raina wêngi anangis | lawan wadon Rarasdriya | satilare lakinèki | tansah sinambat tangis | Jayèngraga lakiningsun | ingsun singgih tulusa | anggènnipun asih ing mami |Lebih satu suku kata: nggènnipun asih ing mami. baya têmên (ng)gènnira asih maringwang ||

--- 11 : 85 ---

5. Lênglêng mangu Ni Turida | mêtu (n)jaba (n)jrit anangis | kaya-kaya apanggiha | ing wau sadalu kèpi | katon sajro sarêsmi | wacanane amlasayun | lir sumandhing jro tilam | sadalu tan pêgat kèpi | anglir pêjah alênggah sanglilirira ||

6. Kongsi orêk ingkang swara | panangise siyang ratri | sasambat angaru-ara | tangise kadya sundari | tan emut raganèki | lakine dèn-uwuh-uwuh | Jayèngraga ta sira | sun-singgih nora nyidrani | lakiningwang padha lan Dalêm Panurta ||

7. Anake pan lagi prapta | anulya kinongkon malih | mêgatakên wong akrama | tan nganggo paring udani | Ki Dalêm Panurtèki | nganiaya raganingsun | ingsun mèlu saparan | têka nora wartèng kami | lanang wadon si gêrang nora wèh wikan ||

8. Katon bêcike maringwang | wong tuwa tan wrin ing bêcik | ala têmên Dalêm Tuwa | mêgatkên wong laki-rabi | tan kaya awak-mami | Jayèngraga gustiningsun | ingsun mèlu saparan | têka nora wartèng kami | baya mati ingsun mèlu marang sira ||

9. Lamun mati Jayèngraga | lah gawanên ingsun iki | sampun age kakang pêjah | antènana ingsun dhingin | ing wau dalu kèpi | katon angrewangi turu | dhuh pêjah ingsun kakang | datan bêtah ingsun kèri | Jayèngraga têka bisa gawe trêsna ||

10. Dhuh angur matiya ingwang | tan ana wêkasing urip | lêhêng kakang nêdha kesah | anglalana andêrpati | wadon Turida angling | wus sun-arah tinggal dhukuh | tinggal dunya katrêsnan | arsa lunga andêrpati | Nikèn Rarasdriya manahe mangkana ||

11. Sarêng suruping Hyang Arka | wawangunan samya sêpi | ing wayah sambêr lalawa | natarira padha muni | pan wus angèsthi pati | kalawan sang Rarasing-rum | samya amara desa | wus amêngakakên kori | Ni Turida karsane angèsthi pêjah ||

12. Kalawan Nikèn Angraras | alon dènnira lumaris | Ni Turida lan arinya | aglis prapta ing wanadri | anuju marga rungsit | madya ratri wayahipun | saya kalunta-lunta | lampahe katuping angin | kang dèn-ambah katuju marga durgama ||

--- 11 : 86 ---

656. Durma

1. Brahalane pating jalêrit swaranya | adhuh mati sirèki | lara patinira | bisa amèt jalaran | krama nora beda tèki | tan suwe prapta | mêmêdi padha angling ||

2. Anglilintrih adhuh mati têmên sira | baya enak kang gêtih | daya ingsun daya | lah ana maring girya | ayu anom wong kakalih | wanodya ika | tan wande ingsun-bukti ||

3. Samangsane mangan ora na nyukarta | mendah warêg mami |Kurang satu suku kata: mendah ta warêg mami. têkan babalungnya | sarwi angrik papêtak | jatha rambute dèn-ingis | netranira bang | lir surya lagya mijil ||

4. Barêng mudhun saking gumapêtak-pêtak | cawêt polèng ngajrihi | mati mêngko sira | lah babo Ni Turida | lumayuwa dèn-agêlis | mati dening-wang | tan wurung ingsun bukti ||

5. Pan gagêcok nantang liwat kaya sira | baya bosênna urip | manèh mangan sêga | gumêtêr Ni Turida | mênêng datan bisa angling | lah babo ingwang | panganên ingsun kalih ||

6. Nikèn Raras gumêtêr sariranira | ilang sumêngêrnèki | kakêtêk kewala | tan wikan rayatira | sampun angèsthi yèn mati | sarwi dèn-gêtak | salumbung gêngirèki ||

7. Warnanipun rêke sasigar salewah | tuhu warnanira brit | pantês yèn enaka | gandanira mrik sumyar | lah payo sêdhêng binukti | têkan balungnya | ingsun bature siji ||

8. Angling wadon Turida mangke tinêkan | têkèng lara lan pati | baya ngur matiya | aglis panganên ingwang | aja suwe amatèni | (ng)gonmu amangan | pan ingsun tan gumingsir ||

9. Yata sura-danawa wêkasan ngucap | tega patinirèki | age lumayuwa | lah sira Ni Turida | Nikèn Turida nauri | lah tulusêna | karsanira matèni ||

10. Sokur bage yèn ingsun têkèng pralaya | sura-danawa angling | ora babo ingwang | amatèni ing sira | aja maras sira nini | pan ingsun wêlas | maring ing sira kalih ||

11. Pan kaliwat wêlasingsun marang sira | nini ingsun ningali | babo anakingwang | Ni Turida angucap | tambêt paman ingsun

--- 11 : 87 ---

iki | asih maringwang | sang drubiksa lingnya ris ||

12. Iya ingsun kang aran Bathara Kala | kang nganglang jagad iki | kapan sun tumêdhak | anuruni ing sira | dupèh sira kawlasasih | dhuh anakingwang | dènnira andêrpati ||

13. Anglampahi lara pati tan kaetang | Ni Turida mangkya ngling | manira atanya | karane tinurunan | prandene awèta urip | nêsêgi jagad | anglalarangi bumi ||

14. Yèn sun-rasa manira angur matiya | paran dènipun urip | tan pêgat tan dêrman | tan sami lan wong kathah | Bathara Kala nauri | aja nakingwang | ingsun myarsa ing mangkin ||

15. Kang akarya lalakone awakira | sarta angrêrewangi | têka lakonana | ta babo anakingwang | Ni Turida anauri | dening sutrêsna | laki kang gula silir ||

657. Dhandhanggula

1. Baya trêsna têmên maring laki | Ni Turida babo anakingwang | arêp kapanggiha mangke | Ni Turida amuwus | wite ayun rêke kapanggih | sang Kala lon angucap | dèn-sabar rumuhun | anging têka kalakona | aja kundur§ Prayoginipun / mundur /. ing lara kalawan pati | ingsun rumêksèng sira ||

2. Anging ta ingsun papajar nini | babo patine dèn-lakonana | aja maras ing patine | ingsun ingkang andulur | sêdyanira ayun apanggih | lakinira atapa | karane tan mantuk | sangêt brangtane Hyang Suksma | apratapa§ Prayoginipun / amratapa /. nèng NgarasalahNgargasalah. anêpi | lah babo paranana ||

3. Ni Turida mangkya muwus aris | dhuh ing pundi rêke Ngargasalah | ayun wikanna margane | sang Kala mangke muwus | kidul kilèn saking ing ngriki | puniku rada pucak | langkung saking dhuwur | karane atilar trêsna | lakinira tatapa andon asêpi | tapane datan mona ||

--- 11 : 88 ---

4. Taha sira dèn-tinggala nini | kewala rêke ambantêr tapa | angarah ing kasidane | Ni Turida amuwus | yèn mangkono manira amit | anut ing warta tuwan | Hyang Kala amuwus | lah babo sira miyanga | nulya mumbul Hyang Kala (m)dêdêl(n)dêdêl. pratiwi | mulih marang ngawiyat ||

5. Ni Turida gêgêtun tan sipi | kalawan rêke wadon Angraras | tansah anèng ing wurine | sarya (ng)gèmèlli pinjung | gègèndholan anèng ing wuri | angling wadon Turida | babo ariningsun | wus lunga sura-danawa | Nikèn Raras gumêtêr tan kêna angling | mau ika ta apa ||

6. Nênggih drubiksa aranne yayi | anggigila anyoba mring sira | yèn têtêp lawan orane | dènnira (n)don anglangut | amatèkkên raga puniki | karane dèn-gigila | polahira ika | lah ta mèntar mupung enjang | Nikèn Raras lampahira niba tangi | dhuh tingalana kakang ||

7. Mèh raina sêmu bang Hyang Rawi | mega abang malang sumamburat | sumorot padhang cahyane | mega abang sumêmbur | kalamukan ing mega riris | mijil abang sumirat | tatas pajaripun | wimbanya saking ngaldaka | surya mijil cahyanira anêlahi | Ni Turida lumampah ||

8. Alon-alon lampahira aris | kalawan rêke wadon Araras | anuju panggonan gêdhe | rare angèn pan agung | pakumpulan ing kanan kering | kêbo sapi gumêlar | banyak bèbèk wêdhus | Ni Turida lampahira | lampahira anarajang ing rarya lit | kagèt padha tumingal ||

9. Bocah-bocah wong ngêndi puniki | ayu-ayu mêtu saking wana | amung wong roro rewange | pantêse wong anglangut | lunga rangkat pantêse ugi | sêmayan nèng dêdalan | lawan lakinipun | lah payo padha pinaran | pinêgatancinêgatan. ing ngarsa wong wadon iki | lah padha tinakonan ||

10. Ana wus balèg rarene siji | (m)bok pangantèn ingsun atatanya | wong ing ngêndi sira yuwe§ Prayoginipun / kuwe /. | marang ngêndi wong ayu | aja

--- 11 : 89 ---

lunga ta sira gusti | aja sira idhêpan | ujaripun iku | balikan sira muliha | Ni Turida mangkya sira anauri | dhuh edan têmên sira ||

11. Aja kono bocah sira iki | suminggaha lah ingsun aliwat | aja anjajawat bae | rare angon tan asung | aja liwat ta sira yayi | balik sira muliha | maring wismaningsun | ing benjang ngong nanggap wayang | awangsula ingsun tuku limar pathi | mèsêm wadon Turida ||

12. Edan têmên rare angon iki | aja juwêt sira anjajawat | lah padha mireya kabèh | rare angon gumuyu | edan têmên rare puniki | rabine antun§ Prayoginipun / atut /. wuntat | ana kang sumaur | ing ngêndi dalaning pasar | anèng wuri amindha kalawan rabi | padha gumuyu suka ||

13. Sampun lêpas lampahe lumaris | Ni Turida lawan Nikèn Raras | tan kandhêg rêke lampahe | rarywa-ngon akèh wangsul | kang sawênèh ana tutwuri | kêbo sapine ilang | banyak miwah wêdhus | rarya-ngon sarya srang-srangan | kêbo sapi wêdhuse tan na tinolih | wêkasan padha nulak ||

14. Padha ilang tur pating kulinting | padha nangis wêdi bapakira | tambuh-tambuh ing polahe | ana ngalor angidul | Ni Turida eca lumaris | prapta ing Pringgabaya | anuju wanagung | mangkya ana padhukuhan | asri tinon pawisman rata aradin | têgal alurah-lurah ||

15. Kang adarbe dhukuh padha dhangir | tatandurane asri kawuryan | bakatêl sêmangka akèh | lombok kacang lan timun | kabilungka miwah kêrai | rame wong anèng têgal | padha dhangir timun | Ki Parajèn duk tumingal | padha cêngêng aningali ingkang prapti | èstri roro lumampah ||

16. Kae santri atatanya aris | lagi anyar wong iki kawuryan | Ki Lêbar ika wastane | lagi tumon katèngsun | dhadhayohe sapa puniki | sêmune maring wisma | Santri Kombang muwus | dhadhayohe sapa ika | Santri Kumprung sêmune anggêgêrèhi | lah payo inguliyan ||

--- 11 : 90 ---

17. Lah bageya rêke kang tatami | ing pundi mangke ingkang sinêdya | kalawan pundi wismane | lintang panujuningsun | pantês têmên dadiya nyai | Ni Turida amuwus | wong ngidêran ingsun | kang sinêdya Ngardisalah | arsa kampir karan sun-takon margi |Kurang satu suku kata: arsa kampir karan sun-tatakon margi. kang maring Ngargasalah ||

18. Sèh Parajèn alon anauri | aja lunga nini ariningwang | lah sun-aku gusti dhewe | yèn sira arsa mring sun | alah sira kaèsi-èsi | yèn sira tulus arsa | dadi nyainingsun | lah karo padha sun-ningkah | alungguha ing mangke dadiya nyai | santrinira anggêlar ||

19. Eman-eman raganira yayi | anglalana sira kawlasarsa | angur lakinya ing kene | antuka mara ingsun§ Prayoginipun / marang ingsun /. | alinggiha jumênêng nyai | sandhang pangan tan kirang | nyawa ariningsun | lah karo padha adusa | boborèha asalina sinjang cangkring | akêmbêna sarasah ||

20. Ni Turida angling jroning galih | katuwone rêke awakingwang | sakalangkung tan dêrmane | baya angura lampus | waspa mijil tan dèn-usapi | trêsnanira kang ketang | dhuh katuwon ingsun | saênggon malih§ Prayoginipun / manggih /. bancana | anggurangur. baya matiya duk jabang bayi | angling Nikèn Angraras ||

21. Sèh Parajèn alon dènnira ngling | lah mênênga cili mirahingwang | lah ta muliya dèn-age | Ni Turida lon muwus | iya ranne sun-angecani | sun-anuruti manah | wite pama tèngsun | kapengin ingsun lakiya | baya ngipi alaki jemênêngjumênêng. nyai | Sèh Parajèn asuka ||

22. Ki Janggarang gumuyu kêpati | cukakakan padha giyak-giyak | Santri Bubursakatine | Santri Kêle angidung | Santri Lêpar ika nauri | ana-a tungbrang-tungbrang | ana kêplok pupu | ing benjang lunga aningkah | thung-thung-brung kêthung kênung akênang-kêning | kalenang byang gurèmbyang ||

--- 11 : 91 ---

23. Ni Turida alon muwus aris | lah jawabên papal suallingwang | yèn sirarsa panggih mangke | arabiya maringsun | yèn kajawaba sual-mami | raga sakarsanira | Parajèn amuwus | lah (m)bok nyai wêdalêna | sokur bage yèn sira micarèng ngèlmi | lah nini maskumambang ||

658. Maskumambang

1. Iya sadurunge ana bumi langit | ingsun lawan sira | paman durung ana ugi | puniku pundi prênahnya ||

2. Lamun mati pundi prênahe sirèki | paman ucapêna | Ki Parajèn aris muwus | sun singgih nora luwiha ||

3. Manthuk-manthuk santrine padha tinari | mênêng tan na wikan | Santri Lêbar muwus aris | ewoh sual kang mangkana ||

4. Sèh Parajèn ngucap têmbe ngrungu mami | masalah mangkana | sun-badhene iku ugi | Ni Nyai ingsun miyarsa ||

5. Iya sadurunge ana bumi langit | ingsun lawan sira | iku durung ana yayi | dununge anane cahya ||

6. De yèn mati ingsun lawan sira Nyai | mulih arannira | iya maring bumi langit | iku pamiyarsaningwang ||

7. Ni Turida amangsuli muwus aris | durung kabênêran | panjawabira Kiyai | nalimpang lan têgêsira ||

8. Nora linyok iku ujaringsun ugi | Sèh Parajèn sira | (n)dupara yèn wong sajati | bedane saya (n)daluya ||

9. Lah kariya ingsun alunga Kiyai | Sèh Parajèn mojar | aja lunga têka ngriki | anginêpa dèn-alawas ||

10. Pan kalangkung ing cuwane manah-mami | Ki Sèh Parajèna | santrine dèn-uring-uring | santri tambuh gawenira ||

11. Ni Turida pan sampun eca lumaris | ing sapraptanira | satêngah-têngah wanadri | tambuh kidul lor lan wetan ||

12. Pan anglangut tan ana durgama kèsthi | apadhang wudhingan | kalawan arinirèki | lampahe tansah karuna ||

--- 11 : 92 ---

13. Ni Turida lakine kaciptèng galih | dhuh ngêndi (ng)gonnira | sarwi (n)dheprok soring ringin | Turida lan arinira ||

14. Lara-lara karuna amêlasasih | sira Ni Turida | tangise kadya sundari | anglir pulung kapipitan ||

15. Jayèngraga anèng ngêndi sira gusti | atawa yèn pêjah | ing ngêndi prênahe ugi | tega têmên Jayèngraga ||

16. Lara pati nusul ngalas sun-lakoni | nora etang pêjah | angulati ing sirèki | ketang nrêjang jurang-jurang ||

17. Dêlap urip kakang kaya awak-mami | ya Ki Jayasmara | alaki mring sira ugi | angur ingsun palastra-a ||

18. Yèn tan sudi marang ing sarira mami | sokur dèn-wadeya | lumuh kantun ingsun gusti | lara pati tan suminggah ||

19. Nikèn Raras tangise anjêrit-jêrit | kakang lakiningwang | tega marang awak-mami | lumuh kantun nut saparan ||

20. Nikèn Raras lakine dèn-èsthi-èsthi | rabinira kakang | tan wande mati nèng ngriki | dhuh kakang gusti-manira ||

21. Baya sampun tan ana ingkang awarti | tan nganggo supêna | mati têmên awak-mami | sasambate amlasarsa ||

22. Saya lêpas swarane agalik-galik | kagyat kang nèng guwa | ênggone mbok Rarasati | kang anggung bantêr§ Prayoginipun / (m)banting /. sarira ||

23. Pitung taun tan arèrèn dènnya nêpi | kagyat mijil enggal | saking guwa aningali | swarane sambat karuan ||

24. Ngudikèng§ Prayoginipun / Ngandikèng /. tyas swaraning apa puniki | anulya tumingal | wong kalih nèng sor waringin | gupuh-gupuh pinaranan ||

25. Remanira panjang pan kinarya tapih | Ni mbok Endhang Raras | warna yu anom rêspati | sapraptanira ing ngarsa ||

26. Ni Turida praptanira tan udani | tuwin Nikèn Raras | Ni Endhang amuwus aris | kagèt Ni Endhang Turida ||

27. Pan miyarsa ing swara kadi pinêtik | tan na katingalan | Ni Turida muwus aris | sapa ingkang asung swara ||

--- 11 : 93 ---

28. Ni mbok Endhang alon dènnya nambung aris | babo ingsun iya | wêlas têmên mring sirèki | tumingal marang ing sira ||

29. Tyas-ingsun Ni mbok Endhang Rarasati |Kurang satu suku kata: Tiyas-ingsun Ni mbok Endhang Rarasati. kagèt wadon Raras | Ni Turida mawasmuwus. aris | lamun tulus asih mring wang ||

30. Ayun wikan ing warnanira sathithik | mara rupanira | Ni Endhang nulya kaèksi | Ni Raras kagyat tumingal ||

31. Mring warnane Ni mbok Endhang Rarasati | Ni Turida mojar | paran karya maring ngriki | Ni Endhang alon angucap ||

32. Apa krananira dene padha nangis | anèng soring gurda | lah apa karyanirèki | sasambate amlasarsa ||

33. Yèn sun-rungu kaya sinêndhal kang ati | lah age tutura | Ni Turida muwus aris | ing mêngko bibi sun-pajar ||

34. Mila awakingsun bibi anèng ngriki | sru ngulati priya | anukma kalane ratri | awisma ing Wanamarta ||

35. Duk ing kina rowangingsun lara pati | Endhang Raras ngucap | karane ingong puniki | nora ketang lara pêjah ||

36. Yèn atinggal bale omahing sirèki | kaya kurang mana | sira mring wong kakung ugi | apa baya bagus mana ||

37. Wêlas têmên maring sira ingsun ugi | Ni Turida ngucap | lah bibi kadi punapi | apa sirarsa panggiha ||

38. Endhang Raras alon dènnya muwus aris | iya Ni Turida | lakinira (n)don nênêpi | iya anèng Ngardisalah ||

39. Ni Turida alon dènnya muwus malih | bibi yèn mangkana | nêdha prênahipun bibi | Ni Endhang alon angucap ||

40. Kang dumunung kidul-wetan pêrnahnèki | dhukuh lan ing ngarga | babo anakingsun nini | nanging ingsun apopoyan ||

41. Bêncanane anakingsun kari siji | babo lakonana | wus karsane bathara di | manise angguladrawa ||

659. Dhandhanggula

1. Yèn mangkono bibi manira mit | anglampahi sapitutur tuwan | Ni Endhang alon wuwuse | dèn-yatna anak-ingsun | lakinira

--- 11 : 94 ---

amitambuhi | tapane datan mana | dèn-bisa puniku | angapusi tapanira | lah têdhanên ing Suksma kang luwih adi | lah ta babo miyanga ||

2. Sigra kesah lon-lonan lumaris | Ni (m)bok Endhang ika sampun ilang | wus alinggih ing bature | Ni Turida lêstantun | sampun prapta ing Ngardi-wingit | sarêng prapta sumiyak | kadi wong anguwuh | wuluh wongwang kapawanan | sumaruwung kadya anguwuh kang prapti | kadya kèn-lumakuwa ||

3. Prapta ing marga jurang awingit | tan pantara ampuhan gya prapta | jurang ajro ing têrjunge | siluking parang-parung | katêmpuh ing pracandha ngrêngih | ugra agagênturan | wrêksa gung kèh rubuh | prahara awor drubikan | udan riris sakèh prahara nglimputi | kagyat wadon Turida ||

4. Ni Turida alon muwus aris | yayi Raras sira dèn-ayitna | elinga bancana bae | udan kadya pinusus | kadi sêmpal kadi nibani | panggroning gurda tumpang | kapyarsa gumuruh | jurang agrong gumarawang | pêtêng riwut amun-amun anglimputi | lir anggrêng ingkang arga ||

5. Nikèn Raras gumêtêr kapati | uwang salit datan bisa mana | niba-tangi tênagane | ana ngalor angidul | kalintingan tan wruh ing margi | têka aburangkangan | adhuh mati tèngsun | tangginas§ Prayoginipun / trangginas /. wadon Turida | dipun-candhak arinira dèn-gujêngi | dhuh nyawa ariningwang ||

6. Ni Turida sarya muwus aris | dipun-eling babo ariningwang | Kèn Raras lupa awake | mangkene ya rining-sun | nora wurung raga puniki | nora wurung antaka | katuwone tèngsun§ Tigang gatra ingkang kacetak miring punika [tiga baris yang terakhir ini] ing Sêrat babon ingkang kalatinakên punika (Suryasurarsan) botên wontên (kalangkungan) [terlewatkan], mila kapêthikakên saking Sêrat Cênthini Rêksa Pustaka, Mangkunêgaran. | angur matiya ing wara§ Prayoginipun / wana /. | anakingwang§ Prayoginipun / awakingwang /. mangsa tulusa basuki | angur baya matiya ||

--- 11 : 95 ---

7. Lagi ana sirnaning ngin riris | bêncanane rêke Ni Turida | lawan Nikèn Raras mangke | tejanipun sumawur | silir-silir rarase kari | pêthak teja sumilak | ririsnya malêtuk | Ni Turida sampun mangkat | Nikèn Raras tinuntun kadya rarywa lit | lunyu kang pringgabaya ||

8. Anut pupundhung lampahnya sami | Ni Turida lawan Nikèn Raras | alon tan kandhêg lampahe | prapta ing (n)jawinipun | Ni Turida mangkya ningali | dhukuh pucaking arga | sangsaya andulu | bature ababanjaran | saya lêpas tumingal banjaran asri | angling wadon Turida ||

9. Iki yayi padhukuhan asri | lah ta mampir yayi atatanya | manawa wikan prênahe | ing Ngargasalah iku | Nikèn Raras dipun-wangsiti | lah yayi adandana | polahira iku | yèn tinon kadya wong edan | mundur mèsêm ingsun yayi aningali | lah age sadhiya-a ||

10. Sampun adandan Ni Raras angling | sira si kakang dene lêlewa | mèsêm kang tumingal kabèh | nulya acucul gêlung | wastra lungsur wus dèn-waoni | sinjang pêthak araras | kêkêmbêne gadhung | srinata mijil mardapa | wong akuning sasolahira mantêsi | alon sami lumampah ||

11. Ki Sèh Raras sampun nguningani | yèn rabinira rêke kang prapta | sênêng mèsêm ing kalbune | dèn-èsthi patinipun | tingal kang lyan kang dèn-alapi | dèn-larut sukmanira | amusthi andulu | alinggih sela gumilang | Ki Sèh Laras alinggih ing sela kêlir | kadi sukma adharat ||

12. Kalih siki pandhita kinawi | sami-dene wijiling kusuma | digdaya wani surane | bagus pratamèng sêmu | sabar lila lêgawèng pati | santi kaparêking Hyang | tan gingsir ing laku | waspada mawas ing Sukma | mahabara§ Prayoginipun / mahambara /. kawasa angèsthi pati | angadêg patinira ||

13. Sami amanting sariranèki | Ni Turida lawan Nikèn Raras | gupuh dèn-rangkul padane | anjrit panangisipun | nora nyana manira iki | Nikèn Raras karuna | lakine dèn-rangkul | adhuh

--- 11 : 96 ---

kakang gustiningsun | nora nyana manira bisa kapanggih | lan kadi wong supêna ||

14. Saya awas (ng)gyannira ningali | Nikèn Raras yèn lakine pêjah | saya anjrit sru tangise | lakinira rinangkul | pa-geneya kakang sirèki | sun singgih nora pêjah | katuwone tèngsun | anglalana (n)jajah desa | nora ketang ing lara kalawan pati | trêsnaningsun ing sira ||

15. Têka andika kapanggih mati | lah ta êndi kakang ujarira | asih maringsun yêktine | ingsun iki anusul | mangke têka kapanggih mati | Ni Rara wuwusira | marang kakangipun | (m)bok kakang kadi punapa | Ni Turida sumaur awor lan tangis | wus mati kakangira ||

16. Pa-gene kakang ta sira iki | sun-ulati anjalak paningal | tan ketang wadon ta mangke | tan kongang ingsun ketung | lara pati ingsun-lakoni | trêsnaningsun ing sira | adhuh gustiningsun | anglilira ingsun prapta | ngandika-a sakêcap sun-sasangènni | dhuh kakang lakiningwang ||

17. Tangisira barêng wong kakalih | kadya barung muni pararênganbabarêngan. | apatut lan sasambate | dhuh kakang gustiningsun | tega têmên tilar ing dasih | lêhêng gawanên pêjah | ora bisa kantun | anandhang lara turida | tanpa sana sapa bisa anglakoni | dadi randha taruna ||

18. Paran polahingsun among kingkin | Jayasmara lah gawanên ingwang | aja lawas anèng kene | Nikèn Raras amuwus | sun-watara nora ngêmasi | anglêpasakên cipta | ing panduganingsun | kakêtêk masih sumirat | Ni Turida lakine dinulu malih | lah kakang ngandika-a ||

19. Iya bênêr ujarira yayi | iki lagi ngêningakên cipta | katara teja praptane | eling-ingsun duk dalu | wawêkase marang ing mami | kang asih ing manira | Ni Turida muwus | sun-bancanga sira kakang | Ni Turida lakine dipun-jiwiti | dhuh kakang angucapa ||

20. Ki Sèh Raras lawan Ki Sèh Rêsmi | ênting wêlase dènnya tumingal | ing sapolahe§ Prayoginipun / sapolahira / [menjadi: lebih satu suku kata]. rabine | karsanira amuwus | Ki Sèh

--- 11 : 97 ---

Raras dèn-kujiwati | dening arsa ngucapa | wêlas manahipun | Ki Sèh Raras wus atampa | ing sêmune kang raka angujiwati | kakang parênga ngucap ||

21. Yata sarêng sami ngucap kalih | Ki Sèh Rêsmi lawan Ki Sèh Raras | pan sami kagêt rabine | aglis samya susuguh | tiningalan lakine eling | alon angunggar rema | anguculi gêlung | gupuh angusapi pada | Ni Turida lakine dipun-sungkêmi | angling asmu karuna ||

22. Ki Sèh Raras angrangkul ing rabi | mirahingsun sang lir ing puspita | nora angimpi sun anggèr | rabinira rinangkul | adhuh jiwaningsun maskwari | dèn êmban rinarêpa | binêkta sang ayu | maring kêbon papungkuran | Ni Turida lakine dipun-ciwêli | têmên asih maringwang ||

23. Têka ing kêbon parêng alinggih | Ki Sèh Rêsmi lawan rabinira | Ni Turida suka tyase | tansah ujungan sêmu | Ni Turida wuwusira ris | lakine ingojaran | paran dosaningsun | lungane tan tolih wuntat | apa baya paran ta kang ingsun sisip | asangêt datan ngrasa ||

24. Ki Sèh Rêsmi alon anauri | wacanane rêke rabinira | tansah angibur atine | polahe lir susugun | tanpa nyipta ingsun dyah ari | apapanggih lan sira | dene sun anglampus | asangêt apêgat trêsna | amatèkkên raga sadurunge mati | ing têmbe aja samar ||

25. Ni Turida alon anauri | wacanane rêke lakinira | tur sarwi (ng)gintêl wêntise | kadi basane iku | ing wacana tan têkèng pati | lah ta apopoyana | dènnira anglangut | atinggal maring kawula | nora suka ingsun tinilara guling | lakine binabana ||

26. Wulangun-ingsun ing sira iki | Ni Turida tur sarwi karuna | karasa ing nguni tyase | tan ketang patiningsun | anglalana atilar panti | dening trêsna ing sira | mèh mati katèngsun | anusup angayam-ayam | angulati sira kakang andêrpati | sun mèh mati nèng wana ||

27. Ki Sèh Rêsmi tyasnya lir jinait | asih têmên rêke ing manira | sira iki kalingane | Ni Turida amuwus | alah ujar dene sayêkti | andama ing wong lanang | dêlap kaya ingsun | tan kêna sudèning

--- 11 : 98 ---

priya | Ki Sèh Rêsmi rabine dipun-sungkêmi | tur sarwi dèn-rêrêpa ||

28. Ki Sèh Rêsmi ngarih-arih rabi | sarwi ngaras ing panêpi kiwa | asta amêngkul padane | Ki Sèh Raras amuwus | lakinira tansah tinagih | ingaranan maleca | tan sêdya ing wuwus | dene tan ana wong têka | têka minggu nora angaruh-aruhi | ingsun kasasar-sasar ||

29. Ki Sèh Raras aris anauri | wacanane rêke rabinira | sarwi dèn-rangkul madyane | tan anyana katèngsun | lamun sira yayi nututi | Nikèn Raras tumingal | tansah asung sêmu | wong lanang nora awirang | duwe rabi lumampah anglaya bumi | nusup angayam alas ||

30. Ênêngêna wau kang ginupit | Ki Sèh Rêsmi lawan Ki Sèh Raras | kang sami among rabine | gantiya kang winuwus | ing karajan Wanamartèki | Kyai Bayi Panurta | sakula-wangsèku | kang tansah nandhang sungkawa | sakesahe pra putra jalu lan èstri | gung amijilkên waspa ||

660. Mijil

1. Tansah udrasa sa-ari-ari | tyas agung wirangrong | Kyai Bayi supe madhahnadhah. sare | saking gêng kabyantaning kungkin |Kurang satu suku kata: saking agêng kabyantaning kingkin. tinilar ing siwi | èstri miwah jalu ||

2. Warnanên wau Nyai Malarsih | sêdhih tyasnya kepon | dèn-tutuh-tutuh maring lakine | nênggih ing siyang kalawan ratri | tan angsal abukti | yèn ratri tan turu ||

3. Dening lungane Ki Jayèngrêsmi | kaduwung acêlong | Ni Malarsih solah lir kapatèn | Ki Panurta mituturing rabi | apa ingkang dadi | sêdhihira iku ||

4. Tambangraras wus karuwan mati | mung ta ingkang katon | Jayasmara kalawan arine | amung iku kang sira-tingali | Tambangraras mangkin | dugaku wus lampus ||

--- 11 : 99 ---

5. Balikan sira dèn-wruh nampèni | sêmuning Hyang Manon | ja katungkul wong urip ta kiye | tingalira dèn-madhêp Hyang Widdhi | aywa salah kardi | aja wèt kalurung ||

6. Balik dèn-wruh kang agawe langit | lan awakira wong | andhap asor dèn-akèh bêktine | malar kasatmata-a sirèki | dèn-sukur ing Widdhi | asiyèng Hyang Agung ||

7. Lawan sira asiha ing Nabi | panutan Hyang Manon | dèn-asung sira ala bêcike | iya kabèh ta manungsa iki | sinung karna dening | Sang Amaha Luhur ||

8. Iya pirsakna§ Prayoginipun / pyarsakna /. pitutur mami | mring sira mêngkono | pituturing Rasul iku rêke | sing sapa datan idhêp ing warti | jinanjèkkên dadi | sining yamani ku ||

9. Iya anèng jroning narakèki | salawasirèng wong | têkèng jajal nirnakkên tuminge | maksih rêke kang siya-siyèki | nirnakkên ragèki | inggih marmanipun ||

10. Yèn ing manungsa tan anut singgih | maring ing Hyang Manon | agung siksane puniku têmbe | tumpa-tumpa ponang siksa yayi | kubur lan yamani | ping kalih siksèku ||

11. Angrês sambate Nikèn Malarsih | myarsa kang mangkono | wuwuse kang raka sadangune | datan ngucap tan sêgu tan osik | alon anguculi | ing gêlunge sampun ||

12. Padanira ingusapan wèni | marêbêl mêtu loh | tan angucap sadangu-dangune | yèn angucap aririh mlas-asih | sira Ni Malarsih | nut karsane kakung ||

13. Nênggih rêke yayi ing wong ngarif | kala ika kang wong | kinarya darman wuwuh sêngkêle | lah punika amarmane ugi | nênggih para Wali | sunat tandhanipun ||

14. Tandha sunat larangan ta nini | têgêse kang uwong | datan tungkul ing rênêse bae | yèn katungkul pan dadya ling-aling | dadya tingalnèki | prana wastanipun ||

--- 11 : 100 ---

15. Ana-dene sunate wong mukmin | yèn sinung Hyang Manon | sinung antara ing Pangerane | nora apopoyan iku ugi | iya animpèni | sadintên sadalu ||

16. Liwat pangganjarira Hyang Widdhi | maring sira kang wong | wipala gung martakkên martane | ingaran wawaduling§ Prayoginipun / wawadaling /. Hyang Widdhi | tan kêna nujoni | ing Hyang Maha Luhur ||

17. Anênggih rêke sunating Nabi | ajrih iku ing jro | ing sêngite sinimpên jro siye | ewuh ujar puniku ta-yayi | dèn-kêna marinci | iku dèn-katêmu ||

18. Ni Malarsih tumungkul awêdi | kewran èsmu kepon | ngundang marang Ki Luci Santrine | Santri Luci mareneya aglis | ingsun (n)jaluk kardi | lattana nakingsun ||

19. Yèn katêmu sira Jayèngrêsmi | mardika sira wong | Ki Luci anuhun sigra lèngsèr | sapraptane ing njawi anangis | pangucap mlas-asih | anèng (n)di katèngsun ||

20. Andarung lampahira Ki Santri | sarwi awêtu loh | praptèng awan kawuri desane | anut gêgêr sabin iring-iring | praptèng wukir-wukir | dènnira lumaku ||

21. Kapanggih Ki Santri Monthèl nanging | lirang-liring loyop | alinggih ing sela lèndhèhane | sela tumêngèng lirang§ Prayoginipun / liring /. awingit | alon Santri Luci | dènnira andulu ||

22. Kapanggih pitêkur sarya muji | nanêdhèng Hyang Manon | sarwi sèndhèn ing soka asrine | abra ingkang sêkar sari-sari | sarya nêngèng langit | nanêdha Hyang Agung ||

23. Sapraptaning Luci dèn-takèni | lah bapa sun-takon | ing Wanamarta pundi prênahe | Ki Luci alon dènnya nauri | puniku ing ngarsi | sakêdhap gya rawuh ||

24. Santri Monthèl atatanya malih | malih ingsun takon | Ki Panurta ing pundi wismane | Santri Luci wacananira ris | kang wasta Kiyai | Panurta kyaingsun ||

--- 11 : 101 ---

25. Suka manahe Ki Monthèl angling | iya yèn mangkono | duduhêna sun iki kinèngkèn | angêmban timbalan (m)bêkta tulis | Tambangraras inggih | lawan kakungipun ||

26. Ingkang wasta Ki Sèh Amongragi | sun-ulati karo | yèn ana ing Wanantaka bae | bungah manahe Ki Santri Luci | ingsun tanya malih | ya marang sirèku ||

27. Wontên malih pawongane èstri | nênggih sanakingong | Ni (m)bok wadon Cênthini aranne | ing mangke punapa taksih urip | tan uninga mami | gêsang lampusipun ||

28. Binêkta mantuk Ki Monthèl aglis | arsa matur gupoh | marang gusti Ki Panurta mangke | sami ènggar manahipun kalih | Ki Panurta myarsi | yèn Ki Luci rawuh ||

29. Sarwi (m)bêkta tulis Santri Luci | Ki Panurta alon | tanya layang apa sira kuwe | Santri Luci ature agipih | putra tuwan gusti | kang (m)bêkta sratipun ||

30. Wastanipun Santri Monthèl gusti | nèng (n)jawi wot-sinom | Ki Panurta wuwuse ge-age | lah undangên Ki Santri dèn-aglis | saksana tumuli | ingancaran mlêbu ||

31. Santri Monthèl sinambrama aglis | Monthèl sira lunggoh | tinupiksa tumuli surate | nawalanira Sèh Amongragi | suka ing jro galih | sêmbah-ulun katur ||

32. Ing sampeyan ing (n)jêng Panurtèki | lawan ibuningong | tur uninga panduka wiyose | Tambangraras ing mangkya sih urip | Amongraga prapti | nèng Wanantaka wus ||

33. Kalayan ari Ki Jayèngrêsmi | miwah ariningong | Jayèngraga sakaro-karone | samya dènnya gung pangapurèki | lungane lêstari | datan angsung-warah ||

34. Kakungira kabyatan ing kingkin | brangti kakung-ingong | dadya nglangut puniku marmane | ing dalu yayah supênanèki | Ki Jayasmarèki | nèng Wanantakèku ||

35. Santri Monthèl alon matur aris | punika wontên wong | asung wêkas ing kawula rêke | Jayèngraga lawan Jayèngrêsmi | atur sêmbahnèki | dene botên mantuk ||

--- 11 : 102 ---

36. Sakalangkung anuwun aksami | putra (n)dika karo | mila minta apura wiyose | manawi têmbenipun ngêmasi | sampun dados galih | pan arsa anglangut ||

37. Ki Panurta agya muwus aris | mring Ki Monthèl alon | pundi (ng)gonnira têmu lawase | Ki Monthèl alon ature singgih | duk amangkat mami | nênggih wontên dhukuh ||

38. Asipêngan kula wontên margi | Ngardipala dhukoh | Amongkarsa kang dhudhukuh ranne | kawula asung nyipêng sa-ratri | putra tuwan gusti | wawarta sadalu ||

39. Bungah susugun Ki Panurtèki | mring Monthèl susugoh | wus sumaji sumaos ngarsane | sêkul wangi apindhang kêbiri | pêcêl wadêr pitik | abêkakak wêdhus ||

40. Tutulannira kang pêtis asin | aglar suguh awor | lawak kecap kang apindhang tawès | kathah dhaharan kang anèng ngarsi | carubuk lan mimi | sadaya nèng ngayun ||

41. Suka ing tyas Kyai Panurtèki | Ni Malarsih (n)dongong | kadya agring têkèng ing warase | Ni Sumbaling ingutus sira glis | ngambil kampuh nuli | ing pêthi (ng)gyannipun ||

42. Lan sruwale agya sira ambil | mangko dènnya gupoh | lawan ikêt pêthak cuwênine | lawan kulambi sêrban sultani | kopyah moga asri | gya ingambil gupuh ||

43. Sapraptane sinungakên nuli | Ki Monthèl agupoh | ananggapi Malarsih asihe | kang sinungan nulya asung bêkti | kalangkung kapundhi | sihira maringsun ||

44. Wusnya asung bêkti nulya amit | Santri Monthèl gupoh | mantuk marang ing Wanantakane | Ni Malarsih kantun pyuhing galih | myarsa ing tuturing | utusan kang rawuh ||

45. Wuwuh supênuh sira Malarsih | ngur aja kapêngkok | ing utusan mangkana wuwuse | nora wuwuha rasaning ati | malah sêdhih kingkin | angur aja ngrungu ||

46. Ki Panurta pangucapira ris | gya ginugu uwong | ngong ingutus mangkana têmbunge | pinêdhaningsun marang Hyang Widdhi | sokur taksih urip | nakingsun sadarum ||

--- 11 : 103 ---

47. Ni Malarsih lingirasmu tangis | Kiyai wakingong | mangkeneya salawas-lawase | tan wande kawula angêmasi | sun-lipur tan mari | Ni Tambang nak-ingsun ||

48. Lawan anak-ingsun Jayèngrêsmi | dadi atiningong | Ni Malarsih mlas-asih wuwusê | lir bramara amarwasèng sari | sira Ni Malarsih | kang wèni sumawur ||

661. Sinom

1. Yata Kiyai Panurta | kalawan Nyai Malarsih | lir jaka kalawan prawan | polahe mardi pawèstri | tansah ingarih-arih | Ni Malarsih dèn-lilipur | karsane Ki Panurta | aywa na kang dadi galih | lah mênênga aja (n)darung trêsnanira ||

2. Malarsih sira kariya | ingsun lunga angulati | iya marang anakira | sira ta si Jayèngragi | malar ta yèn pinanggih | anakta Jayèngrêsmiku | sokur Ni Tambangraras | anak-ingsun kabèh sami | muga-muga rinêksa-a ing Pangeran ||

3. Ki Panurta arsa kesah | amanting raganirèki | ngulati atmajanira | tan bêtah ingsun akari | baya nak-ingsun katri | tan nana wêkasanipun | anggung dènnya nglalana | kangêningsun rina wêngi | wus kariya ingsun ingkang ngulatana ||

4. Ki Panurtarsa lumampah | Ni Malarsih anggendholi | pan kawula tumut kesah | angulati anak-mami | nangis anjrit kêpati | tan purun kantuna ingsun | dhuh ingsun tumut linggar | ingsun datan sagêd kèri | pêjah gêsang kawula tumut ing tuwan ||

5. Panurta ngrês manahira | miyarsa wuwusing rabi | sakêdhap amêsu waspa | Ki Panurta anabda ris | lah uwis sira nyai | adandana dèn-agupuh | sun-gawa anglalana | ana kang sun dunung ugi | duk larèngsun ngaji pisah gunung Bustam ||

6. Gya mentar Kyai Panurta | kalawan Nyai Malarsih | ngangge busana kanisthan | Panurta lan Ni Malarsih | lir namur lampahnèki | harja nyampingira wulung | angangge tasbèh kinyang | amawi romale wilis | ikêtira ubêt tiga tuhu pelag ||

--- 11 : 104 ---

7. Tan amawi dhudhuwungan | kaskul lan jungkat cinangking | sampun angrasuk busana | awasta sêrban sultani | amrik gandanya minging | praptèng (n)jawi lampahipun | Ki Panurta alon ngucap |Lebih satu suku kata: Ki Panurta lon ngucap. lah dhingina sira yayi | alon-alon ingsun ingkang ngiringêna ||

8. Wus kapungkur wismanira | sêdya maring Ngardirawit | Ki Panurta alon ngucap | marang garwa Ni Malarsih | [...] |Kurang satu baris: 7i. angalih aran ta ingsun | aran Ki Arundaya | dene sira Ni Malarsih | angaliha aran Malarêsmi sira ||

9. Sêdyaningsun iki marang | ing ngarga lamun dumugi | ingaranan Arga Muncar | iku kang sun-jujug ugi | ana wong sanak mami | sanak kêkalih sun-jujug | kala ingsun mulana | adarbe sanak kêkalih | kang asêpuh awasta Ki Adimuncar ||

10. Wastane ingkang taruna | Arundarsa ranne ugi | kalaningsun padha bocah | sih-siniyan lawan mami | karone manthèlangi | anèng gunung Bustam iku | malih sun duwe kadang | wastanipun Arsèngbudi | sanakingsun kala sun laku durjana ||

11. Ardi Muncar Arundarsa | de sanakingsun kang dhingin | duk ingsun lunga angêntal | punika margine yayi | dene wastane mangkin | Carik-sutra arannipun | pan rabine sakawan | samya nut karsaning laki | kang satunggal awasta Ki Carik-mudha ||

12. Pan sami pratamèng sastra | warnane samya apêkik | kang mantu Kiyai Batang | rabine têtêping bêkti | roro samya nastiti | ing gunung Bastum§ Prayoginipun / Bustam /. puniku | ing mangke adhêdhêkah | ing Ngardi Muncar tulyasri | pan kaprênah ingkang kilène punika ||

13. Ki§ Prayoginipun / Ni /. Malarêsmi angucap | sumawisuwawi. kakang dèn-aglis | sampun dangu wirandhungan | sêlak kêjawahan mangkin | gêrah mandra ing wulan | ricik-ricik sampun dangu | gêtêr patêr kakilat | lir akèn rèrèn ing margi | kang jalada ngêndanu riris kang niba ||

--- 11 : 105 ---

14. Kilat thathit abarungan | pêtêng (n)dhêdhêt anglimputi | lir guntur asri swaranya | gumêbyar kang kilat thathit | mamor ampuhan prapti | ngin gora pracandha lesus | mojar Ki Arundaya | wuwuse awor lan tangis | lah dèn-enggal ing pundi unggyanning rarywan ||

15. Pundi yayi (ng)gonne rarywan | tan nana dhukuh kaèksi | gogodhongan woh katingal | kidul kulon wetan têbih | suwawi rèrèn ngriki | Ni Rêsmi lupa tyasipun | ana punganing sela | tangan cape suku ogik | rema kumêl kasaput dening pawana ||

16. Gumêr gumêrot kang wrêksa | agathuk rame kang thathit | tan antara gêlap ngampar | lir tutunon swaranya tri | wrêksa gung agung sami | akèh rêbah kabarubuh | wênèh sêmpal kaprapal | Ki Arundaya lingnya ris | sarya ngrangkul rabine ingaras-aras ||

17. Sun wêlas têmên mring sira | tan wurung mati nèng ngriki | kakang ta sun-kapakêna | sadasa pêjah nèng ngriki | Arundaya sira glis | amêngkul ing rabinipun | yayi suwawi enggal | alunga têka ing ngriki | lon lumampah tumingal dhukuh atêbah ||

18. Katingalan lamat-lamat | Arundaya muwus aris | lah ta yayi ingampiran | araryan sipêng sawêngi | angecakakên ragi | sakêdhap agya lumaku | sarwi anganthi asta | dhukuhe pan maksih têbih | dangu saking dadalan pan jurang-jurang ||

19. Awêrit kang ponang marga | sonya tan nana wong siji | anut pinggir jurang-jurang | akèh swara kang kapyarsi | têrang kang riris aris | lampahe minggah tumurun | têngange wayahira | tumurun sing gêgêr lapis | Arundaya wirandhungan lampahira ||

20. Anut iring-iring ngarga | pan anjog sitine miring | pan lunyu-lunyu kèdêkan | marga langkung wingit wêrit | alon dènnya lumaris | Arundaya ngandika rum | yayi padha araryan | wus andungkap sabinèki | padhukuhan pan ika asri kawuryan ||

21. Sapraptane ing banjaran | andarung lampahe nuli | ningali sabin ajêmbar | awilis dinulu asri | pinggir jarak kacipir | kang kacang parikan ulur | tirta jinala-tundha | tuhu asri anglangkungi | anujoni santrinya ana ing gaga ||

--- 11 : 106 ---

22. Angambil kang jajanganan | terong kalawan kacipir | gudhe lan kacang dhung-dhungan | sawusnya anuli mulih | praptaning wisma nuli | ningali ana wong rawuh | ki santri gya tatanya | wong pundi (n)dika puniki | pan têmbene ijêngandika kawuryan ||

23. Ki Arundaya ris mojar | manira iki wong kampir | puniki pundi wastanya | padhukuhan tulya asri | ki santri saurnya ris | Ngargamuncar wastanipun | mawi (n)dika lajênga | punika kyai nèng masjid | sigra laju praptèng natar uluk salam ||

24. Sinauran Sèh Adimuncar |Lebih satu suku kata: Sinauran Sèh Dimuncar. sawusnya atata linggih | abage-binage samya | sasalaman sadayèki | Sèh Adimuncar ngling aris | prayogi salim alungguh | sumangga maring wisma | Rundaya nauri inggih | pan sumangga kawula anut sakarsa ||

25. Santri wus mudhun bubaran | Sèh Adimuncar tuwin |Kurang satu suku kata: Ki Sèh Adimuncar tuwin. Arundaya Arundarsa | Malarêsmi Purnaningsih | kundur maring wismakiwismèki. | nèng pundhapapandhapa. tata lungguh | Sèh Adimuncar nabda | mring garwa hèh Purnaningsih | paran uwus (ng)gonnira tata sugata ||

26. Yèn wus age ladèkêna | kang garwa mundur anuding | mring santri pawong mitranya | naoskên sugatèng tami | tan dangu praptèng ngarsi | gupuh Purnaningsih wau | ngladosakên bucunya | jangan mênir pêcêl pitik | padhamara lodhèh gula brongkos pindhang ||

27. Dhèndhèng age susujènan | opor bèbèk basngèk pitik | gêpukan dhèndhèng gorèngan | lombok kêncêng lawan pêtis | sêrundèng (m)pal (m)puk ragi | jêrowan lan abon rêmus | krupuk lalab-lalaban | Sèh Adimuncar ngling aris | lah suwawi kakang kêmbulan anadhah ||

28. Nulya sami wiwijikan | Adimuncar ngling mring rabi | lah payo sira pisan |Kurang satu suku kata: lah ta payo sira pisan. kewala padha abukti | (n)dan lêkas sarêng sami | dènnira nadhah pikantuk | dangu antaranira | luwaran dènnira bukti | Ki Sa-murca anyarik rampadanira ||

29. Wus linorod sadayanya | nyamikan lumadyèng ngarsi | Sèh Adimuncar wuwusnya | lamine kula rasanni | wontên kasupèn

--- 11 : 107 ---

mami | sakêdhik mungguhing ngèlmu | bab sampurnaning iman | Arundaya mituturi | inggih rêhe mungguh sampurnaning iman ||

30. Yèn wus sirna pangandêlnya | mungguhing tokidirèki | yèn wus purnanira tunggal | loro-loroning ngatunggil | tunggal-tunggaling kalih | nging sawiji suhulipun | pan têtêp tinêtêpan | purbane tarik-tinarik | tan nana ran wujuding gusti kawula ||

31. Kang amolah kang pinolah | namung kalawan pribadi | datan lalawan§ Prayoginipun / kalawan /. lantaran | pupuling ro maring siji | Allah Mukamad jati | campur tan kalawan Rasul | nungap pribadinira | mring sira Pangeran mungkin | tan kaanan kodrat lan kadiranira ||

32. Mangkana mungguh makripat | yèn wus sirna ing pangèksi | lawan paningal kang awas | sirnakna aja na misih | yèn maksih wêruh sirik | tan sampurna tingalipun | maksih kaliru tingal | tingal kang nyata puniki | apan aling-aling sajatining tingal ||

33. Apan wong kang mangaripat | durung têkèng kupur-kapir | kang katingal mangaripat | yèn wus sirna tingal jati | pan nora aningali | ing dalêm sawiji wujud | nir datan ana tingal | wontên andika kang Nabi | lan sing sapa wêruh rêke ing salira ||

34. Sasat wruh sirèng Pangeran | kang dulu-dinulu sami | kang tan kalawan satmata | puniku ingkang wus jati | ujar pra Ambiyayi§ Prayoginipun / Ambiyai /. | lir puspa kalawan madu | rinoncoh rinencemanrinêncêman. | linêbon madu sajati | madu sirna puspa ingkang kawistara ||

35. Sirna wujud roro ika | têmune wong ahli tokit | ana seje kang patêman | lir êmas kalawan carmin | linêbokkên jro gêni | carmin pan ilang kang wujud | mung êmas kang kaèksa | carmin ilang tan na kari | lamun yayi yun wikan maring salira ||

36. Sirnakna paningalira | tingal lair lawan batin | aywa misih katingalan | iku pamanggiyèng Wali | sarya lila tyas suci | suka sudibya ing kalbu | cahya gumilang-gilang | lir suryakantha kadêling | Hyang Aruna lah êndi suruping surya ||

--- 11 : 108 ---

37. Adimuncar rêna tyasnya | winêdhar ingkang kalêmpit | kakang kawula tatanya | pundi kang ingaran tulis | sastra ingkang sajati | muni dhèwèke puniku | lawan kang muni salah | puniku kadipunêndi | Arundaya alon wijiling wacana ||

38. Punika yayi dèn-nyata | mênggah sajatining tulis | mungguh Datsira§ Prayoginipun / Datira /. Pangeran | mutêlak kalawan Gusti | takdir kalawan tokit | akusud dènnira suhul | babaring kalêpasan | ênggèh kang punika yayi | kadi bayi lan pikun upamanèka ||

39. Apan tunggal sangkan paran | tunggal jatine rannèki | (ng)gih punika yayi rasa | surasane ngèlmu supi | nanging ta kita niki | tan pati tèyèng ing kayun | wus wrin kewran kawêran | ing warana aling-aling | kang ngalingi tungkuling karana dunya ||

40. Andhêku Ki Adimuncar | kaluhuran sabda wingit | sira Ki Sèh Arundarsa | sumambung wacana aris | kula tanya sayêkti | kang pundi sajatosipun | winastan Dalillolah | lawan Kadis kang sajati | lah ta kadipundi kakang Arundaya ||

41. Kang tinanyan ris saurnya | ujar kang punika yayi | Dalil puniku idayat | idayat pangandikaning | Allah kang Maha Suci | lantar dhawuh kang malakul | malekat kang kaparak | kinon ngudanèni salir | kadi iku andikane Rasullolah ||

42. Martakkên sakèhing umat | kang sami agama suci | lantaran wong tuwa kadya | iman mumuruk ing ngèlmi | sarat ingkang linuwih | kang puguh kusus ing ngèlmu | kang patut lan sarengat | dening bab sêjatinèki | basa Dalil graita ingkang nugraha ||

43. Lirnya graita nugraha | kang abrangta mring kadadin | kata lawan musawarat | ngudi kalawan pribadi | muhung marang Hyang Widdhi | (n)dungkaping purnaning kalbu | liring Kadis kasucyan | nucèkkên jiwa kitèki | kang lir kapuk cadhang tètèsing dahana ||

44. Sakamantyan kalihira | Adimuncar anoragi | Arundarsa langkung dènnya | tumungkul rêna ing kapti | dènnya ling ngasih-asih |

--- 11 : 109 ---

dhuh kakang Kiyai guru | anglêjarakên driya | sung padhang pêtênging galih | langkung dening kawula kapiyutangan ||

45. Rahmat gung wuwulang tuwan | sun-têtêdha ing dunya kir | kang muga tulus manjinga | sadulur sinarawèdi | Malarêsmi duk mèksi | kang rayi kalih sumungku | angrês karasèng nala | èngêt mring putra Mongragi | amumuruk kang winêjang angrêrêpa ||

46. Tambuh duk mijil waspanya | kagagas putranirèki | kang samya nis andon paran | ingupaya wana wukir | kawistara ing laki | Rundaya tanggap ing kalbu | milya angêmbêng waspa | Dimuncar Rundarsa ngliring | mring kang raka kaliye angêmbêng waspa ||

47. Sèh Adimuncar lingira | marmanta kakang Kiyai | paran kang dadya woting tyas | awaspa ingong tingali | Rundaya ngandika ris | sarwi angasat ingkang luh | punika raka (n)dika | ngong dulu kapêsan budi | karaosing suta kang dadi wod driya ||

48. Marma samya andon paran | ngalaya amurang margi | umahas wana wulusan | wiyose ngulati siwi | nênêm siki jalwêstri | Tambangraras kang pambayun | sumusul lakènira§ Prayoginipun / lakinira /. | Amongraga nis ing ratri | tiganipun Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

49. Mèmpêr tumutur kakanyakakangnya. | nulya rabinipun kalih | Rarasati lan Turida | milya angikis ing ratri | sadaya tan na kari | sutanta kalawan mantu | samya tanpa tuduhan | nging wontên talêring warti | mêncar (ng)gwannèng Ngardipala Wanantaka ||

50. Kang kalih mantu wanodya | tambuh paranning lumaris | puniku yayi marmèngwang | angendra praptèng ing ngriki | yayi kalih manawi | kasrawunganing pitutur | kang kabar bêbaratan | (ng)gyanning pun sutanta mami | supayantuk (n)dêling tan dados raos tyas ||

51. Lan kang punêndi prênahnya | Wanantakardipalèki | sira Ki Sèh Adimuncar | Rundarsa ngungun miyarsi | wasana matur aris | adhuh kakang wong tuwaku | kalingane mangkana | rudatin kelangan siwi | kapibrangta ngrurah putra kang umentar ||

--- 11 : 110 ---

52. Inggih kakang Arundaya | wontên tur-kula sakêdhik | kados sambung babing ngada | sadasa dalu puniki | ngong kasipêngan santri | anèng ngriki mung sadalu | sabating Wanantaka | kinèn mring Wanamartèki | asung surat marang Ki Bayi Panurta ||

53. Kang duta Sèh Amongraga | mukmin kas bangsa Utadi | kulinèng pulo Langgatan | ing Jurang Jangkung ngasrami | Monthèl wastaning santri | kawula tanggap sadalu | akathah papajarnya | kula tan patos nyêrêpi | inggih lir kang paduka pajar punika ||

54. Jroning dhusun Wanamarta | sapa sintên kang sujanmi | kang wasta Bayi Panurta | manawa sambunging warti | Rundaya ngling ngêgèti | uh adhi kang dera wuwus | punika ênggèh reyang | ingkang sami amastani | aran Bayi Panurta ing Wanamarta ||

55. Ki Adimuncar turira | (ng)gih sokur kakang Kiyai | paparab Bayi Panurta | tunggil sambunging pawarti | santri Monthèl saratri | nuntên enjangipun mantuk | maring ing Wanantaka | Ki Arundaya ngling aris | inggih kadhatêngan dutane Mongraga ||

56. Santri Monthèl wastanira | têka kinèn awèh tulis | asung wruh ing sasamanya | nèng Wanantaka desaki | panggih kang dèn-ulati | kadange ro èstri jalu | sarta kalane mangkya | wus kumpul lan rabinèki | Jayèngrêsmi Jèngraga nèng Ngardipala ||

57. Kang puniku ngong tatanya | ing pundi prênahirèki | Wanantaka Ngardipala | yayi tudingên sing ngriki | Adimuncar turnya ris | inggih sawêg wartosipun | kidul-kilèn prênahnya | tanah Gêlang Maospati | saking ngriki lêlampahan tigang dina ||

58. Liripun ing Ngardipala | kalih dalu saking ngriki | puniku kang wus lumampah | kang dèrènga tan dumugi | Ki Rundaya ngling malih | yayi yèn wus bakda Subuh | manira laju lumampah |Lebih satu suku kata: manira laju lampah. ketang nut talêring margi | marang Ngardipala lan mring Wanantaka ||

59. Adimuncar Arundarsa | ngrarêpa aturira ris | kalangkung cuwaning manah | (ng)gyan-kawula apêpanggih | mugi wontêna saking | laminya sadasa dalu | narèhakên sarira | wontên rêrême

--- 11 : 111 ---

sakêdhik | pan dumugi kakang mumulang ing kula ||

60. Rundaya nauri sabda | yayi puniku agampil | sok ugi lujêng ing lampah | yèn sagêd manira kampir | inggih kapanggih wingking | arêbat parluning laku | mangkana wancinira | wus anggagad§ Prayoginipun / agagat /. bangun enjing | pan sadalu saking tan antuk anendra ||

61. Adimuncar ngling ing garwa | lah Purnaningsih sirèki | gaweya sêga angêtan | sa-adune sarap-enjing | kang garwa lèngsèr ngarsi | marang pawongpawon. angungukus | wêktu pajar gidiban | samya mudhun saking masjid | mèt toyastu santri adan agêlikan ||§ Prayoginipun / angêlikan /.

62. Jalwèstri wus sami kadas | Arundaya angimami | ing asalat wus utama | praptèng tahyatira akir | bakda Subuh pupuji | pragad sadayanira wus | kang raka ingaturan | Rundaya akarsa pamit | Adimuncar gupuh-gupuh ing rabinya ||

63. Yèn wus lèhira lah-olah | ladèkna ing kene nuli | kang garwa ika agêpah | naoskên sugatanèki | wus tata anèng ngarsi | sangkêp lam-ulamipun |Kurang satu suku kata: sangkêp lam-ulamanipun. cinaran kêmbul nadhah | sadaya sarêng awijik | (n)dan alêkas bukti nutug dènnya nadhah ||

64. Antara nulya luwaran | Ki Samurca anyariki | wus linorod sadayanya | nyamikan lumadyèng ngarsi | angling kakang puniki | inggih mamangsêganipun | nulya samya angalap | wusira dhahar nyênyamik | Arundaya wau aris wuwusira ||

65. Hèh antên Sèk Adimuncar | Arundarsa Purnaningsih | reyang riki papamitan | kang muga para-lilani | nutuggên lampah-mami | samya sun-donga rahayu | pan sarwi angsung salam | Ki Sèk Adimuncar gipih | nêmbah sarwi sasalaman aturira ||

66. Kawula atur waluya | ing saparan tuwan ugi | kapanggiha kang kasêdya | luwar ing brangta gung kingkin | ngling Alkamdulilahi | nglukar patêkêmanipun | Ki Arundarsa nêmbah | salaman atur basuki | Purnaningsih ngabêkti mring Arundaya ||

--- 11 : 112 ---

67. Sadaya wus gantya-gantya | salam marang Malarêsmi | wus jinurung pamitira | (n)dan mangkat saking ing masjid | tumurun ing dhidhikil | maksih rêpêt saput lêbu | anut marga kang kambah | lêstari dènnya lumaris | wus kapungkur padhukuhan Ardimuncar ||

662. Pangkur

1. Lampahe Kae Rundaya | lan kang garwa wau Ni Malarêsmi | Hyang Aruna nrang sawêgung | anipat sèsiningrat | pêdhut ngamnpak-ampak kang ngrêm ing dêlanggung | rumput kabunan kasrampat | angêbêsi ing pada tis ||

2. Lamun sinrang ing suryènjang | nipis ngisis kapanasan agusis | kari kang ngrêmêng ing bayu | têlas kang anèng lêsta | kawistara (n)dêlarèh anèng dêlaggungdêlanggung. | kathah simpanging têrusan | ra-ara rata lir rujit ||

3. Bubulak wus kalintangan | nampak wana tarataban paminggir | salong ginaga jinagung | têbok lêt pagrumbulan | kitri wana pring pucung sarangan sêntul | jambu kaluthuk ngayangan | dhuwêt bêndha gowok wuni ||

4. Sri swaraning pêksi munya | atêtêba bèthèt gulathik êmprit | kapodhang munya acilung | sauran lan prit cowang | miwah rangkok kulilingan sunggi lêsung | cangak êngkak bango buthak | bidho ulung lan barênggi ||

5. Darès jakatuwa banghak | kulilingan kalangan nèng wiyati | kapyarsa swara anganyut | lir tangising alara | dêruk putêr pêrkutut manggung cumlêngkungcumêngklung. | pêksi gonggong asèsèngan | tidharsa lawan kudhasih ||

6. Kudhawa cowakcocok. kuthilang | sêsêpahan angisêp wadu§ Prayoginipun / madu /. sari | siyung jalak platuk êngkuk | pênthèt kèkèk sikatonGuru lagu seharusnya: 7a, pênthèt kèkèk sikatan. | andon mangsa nacar wohing kêrsula gung | myang gurda bangsa mandira | tinubing pêksi mèt bukti ||

--- 11 : 113 ---

7. Miwah kewan buron wana | mong andaka rambon lêmbu jajawi | myang kidang mênjangan kênthus | kancil landhak andhapan | wurangutan bêdhès uwa-uwa lutung | anuntung napak madal pang | angranês pradapaning pring ||

8. Wingwrin anon mangsa-mangsa | swra wre mrês lir udan sinêmèni |Kurang satu suku kata: swara wre mrês lir udan sinêmèni. katanggul ing kol kawangsul | sasaran mèt tungtungan | ana lutung sawiji cênguke julung | singsal tiba sing pènèkan | bapa biyunge nututi ||

9. Yun ngambil cênguk kang tiba | têlu-pisan kararohan nèng siti | ginendholan para lutung | tan awèh angrêbuta | mring anake têlu kang tiba kajulung | yèn janma-a samya ngucap | mring sanake mituturi ||

10. Lah wus aja dera alap | pupusên wus pêsthine asisiwi | yèn wus julunge pinulung | ing mong mangsa bakala | tur tan kêna yèn kaparêng tombok umur | kuwatir nèng pangudhunan | wadalêna ing Hyang Widdhi ||

11. Ywa nuruti ati hawa | nora bêcik sasat sira maoni | karsaning Hyang kang wus bêstu | bageyaning ngatitah | nora kêna ing pikir kumudu-mudu | slamêt-slamête kangèlan | kang rinêbut nora kêni ||

12. Wau kang mahawèng marga | Rundaya lan garwa Malarêsmi |Kurang satu suku kata: Arundaya lan garwa Malarêsmi. anon lutung kang pinêngkul | maring ing lutung kathah | Arundaya Malarêsmi tyas kumênyut | kaya na karasèng driya | lèjêming lutung mranani ||

13. Yata lêpas lampahira | wanci surya bêntar nêngah manasi | tatêbakaning wana gung | bangkan ra-ara wiyar | rurumbut kang ra-ara gêlagah rayung | galonggong prumpung cawuran | lamuran têmbagan grinting ||

14. Sumuk tampêking baskara | datan ana wrêksa ingkang ngaubi | têbah paonjotanipun | ron kalamênta tiksna | mêlarpada rujit pagêlanganipun | karêncêm bunging lang-alang | karikuhan dènnya laris ||

15. Laju malbèng wanawasa | paluduranpaduluran. pèpèrèng lêmah miring | pringganing jurang aparung | pring ori agêrotan | pring kang

--- 11 : 114 ---

wungwang kapwanan swara nguruwung | siyaking camara sinrang | lir pendah janma (n)jrit-anjrit ||

16. Wanci pidak tri gumiwang | Arundaya anon toya ambêlik | kalangkung tyasira sokur | samya raryan sor wrêksa | anèng pangoyodan tambining trênggulun | asêsêndhon kamarutan | kasilir angganya aring ||

17. Kasayahan ing alampah | Arundaya lan garwa Malarêsmi | angum ing we samya adus | wus dènnya awak-awak | ngambil toya wulu dènnya arêp wêktu | mimilih (ng)gyan kang asimpar | adan samya angabêkti ||

18. Utama dènnira salat | bakda Luhur purna sakèhing puji | myang dhikir pandonganipun | pikantuk dènnya raryan | pan ajênêk ngasokkèn sariranipun | samya ngantuk alayapan | sasangat anulya tangi ||

19. Ki Rundaya ris ngandika | lah wus payo yayi mangkat tumuli | sêlot-sêlote lumaku | daya-daya tutuga | kuwatir yèn kawêngèn anèng wana gung | kang garwa datan lênggana | (n)dan umangkat sing (ng)gwannèki ||

20. Rasa-rasa tumindaka | saking maksih apor sukunirèki | yata laju lampahipun | nusup angayam-ayam | datan ketang ing lampah durgamèng laku | wus lêpas dènnya lumampah | tatas pagrênging wanadri ||

21. Napak wana tarataban | tutugaran tutunon banakaki | talêr (n)jog ingkang arga gung | papagan janma lampah | kadhang janma dhadhampalan ing wana gung | Ki Rundaya ris tatanya | ki sanak ngong tanya pundi ||

22. Prênahipun ardi Bustam | punapinggih puniku maksih têbih | paran wus parêk ing ngayun | kang tinanya saurnya | inggih kilèn puniku lêt banawana. grumbul | (n)dika puniku ki sanak | ragi kaplantrang ing margi ||

23. Dene margine mring Bustam | katujune pan dèrèng kongsi têbih | puniku margi mring Pulung | miwah mring Ngardisalah | (n)dika wangsul malih ngalèr nimpangipun | ing wau watu manthilas | tutunon talêr marga lit ||

--- 11 : 115 ---

24. Ki Rundaya lon lingira | (ng)gih ki sanak sangêt panrimamami | nulya lampahira wangsul | (n)dulur samya lumampah | sapratêlon onjotan dènnya kapaung | Rundaya tansah tinanyan | mring janma truntungan margi ||

25. De lumampah tanpa rowang | jêngandika kyai sadhèrèk pundi | dene takèn Bustam dhukuh | dhikil têngahing wana | lah punapa mambêting sanak sadulur | mring Kae Sèh Arsèngnala | Rundaya nauri aris ||

26. Alêrês panarka (n)dika | ênggèh pawong sanak-manira lami | tan têmu marma yun pangguh | anulya sisimpangan | ngling lah sampun andum lumaris dêlanggung | kularsa mring Nganjuk desa | Rundaya nauri inggih ||

27. Wus sami asisimpangan | Rundaya mituhu tudinging margi | prapta dalan kang tinuduh | nut marga pêlagaran | têtêgoran wrêksa angalang dêlanggung | garwa tan bisa lumangkang | kang raka anarik ririh ||

28. MungguhMunggah. tumurun ing jurang | Ki Rundaya tansah nuntun ing rabi | wlas-asihira kalangkung | mring garwa kasêrakat | anon toya sakêdhap ararywan wêktu | bakda dènnya salat Ngasar | nulya lon-lonan lumaris ||

29. Tatas pangrêngganing wana | têrataban pagrumbulan awêrit | lang-alang gêlagah rayung | rumbut wus kalintangan | pamênggêraning Bustam sampun kadulu | asri patalunanira | têgal pagagan palêstrin ||

30. Wiyar pasabinanira | kang tadhahan kang gadhu loh jinawi | lêga tyasira andulu | parêk kang pinaranan | rame swaraning wong (ng)gugusah nèng gubug | anggonjèng salwiring sawah | sami anggêtaki pêksi ||

31. Sami kêndhangan gambangan | karak balung tatulak lawan katir | swaraning pêksi gumuruh | gulathik prit anjala | atêtêban ginusahan ngalor ngidul | cangak munya karêngakan | lir (ng)guguyu êmprit pêking ||

32. Mangkana ingkang lumampah | turut sawi padhadhahaning têgil | tangkêp patanêmanipun | pala-pêndhêm kasimpar |

--- 11 : 116 ---

miwah jajanganan ngêmohi atulus | kacang rumawe lanjaran | kara kacipir andadi ||

33. Lombok terong jagung ngantang | samya kumantènan ngêtan ngèsêli | sumêrit kang krai timun | wuku watang ngalasah | taru turi tumruna sêkarira byur | Malarêsmi suka mulat | kacang rumawe ing margi ||

34. Kadya pinêthik-pêthika | saking dening sangêt dènnya kapengin | sami acipta ing kalbu | jagung mangkana ika | mendah yèn dèn-mênirjangan lêginipun | kêmbang turi dèn-asêma | mendah sêgêre ngluwihi ||

35. Lalap kacang gleyar anyar | enak lawan sambêl lothèk kêmiri | alon dènnira lumaku | nolih-nolih tanêman | wanci surya anglarah tirahing gunung | ana sabate satunggal | Santri Dhawuk lagya dhangir ||

36. Anèng têgal palèstrènan | Ki Rundaya têtanya mring kang dhangir | manira tanya mring bagus | pundi dhukuh ing Bustam | Arsèngbudi pundi padalêmanipun | nauri inggih punika | dhukuh sanginggiling dhingkil ||

37. Yèn makatên Kae sanak | kula nêdha damêl (n)dika sakêdhik | yèn parêng andika tulung | aturna Arsèngnala | santri Dhawuk nauri (n)dika puniku | pundi pawingking andika | Ki Arundaya nauri ||

38. Reyang pêkir kawlasarsa | pan kumêdah têtêmu Arsèngbudi | Santri Dhawuk lon amuwus | (ng)gih (n)dawêg kula-bêkta | gupuh-gupuh sarta ngumbah paculipun | nulya kèrit lampahira | munggah pagênênganèki ||

39. Masjide katon anganggrang | langkung asri rakiting dhukuh wukir | akêtêp pakitrènipun | prakirna tumaruna | pan tinata banjênge pomahanipun | linurung agêng marapat | tiris nut pinggir pinarik ||

40. Dadya maju-pat kang wisma | sapanthanya wong rong-puluh ngomahi | sadaya wong wolung-puluh | kang dhudhukuh ing Bustam | gêgênêngan kèdêran kali mèh têpung | dhinawuh mring pasawahan | kinarya gagadhu sabin ||

--- 11 : 117 ---

41. Rundaya karênan mulat | pasang rakiting dhukuh Bustam wukir | praptèng paregolanipun | Santri Dhawuk lingira | (n)dika kèndêl ing ngriki kula umatur | ngling ênggih (n)dika matura | yèn dhêdhayoh anggung brangti ||

663. Asmaradana

1. Wau kang lagya alinggih | Arsèngbudi lan kang garwa | Nikèn Wiyadi wastane | dangu dènnya nèng paningrat | aglar saosanipun | nyamikan wowohan agung | myang lah-olahan mawarna ||

2. Ingadhêp santrinirèki | Santri Bêlang Santri Pancal | Santri Pêthak Santri Putèh | pan waswus. kinula-waraga | pinupu lit milanya | samya toh amulu-cumbu | marang Ki Sèk Arsèngnala ||

3. Sêdya mawong ing donya kir | anjuru angrêsik makam | samya niyat nyapu-règèl | santri lima pinitayan | mring Kae Arsèngnala | karyaning èstri myang jalu | santri lima kang minangka ||

4. Pangrampunging barang kardi | popole pagêr salilab | miwah sisimpênan jêne | sumawana pasawahan | ayume wong sadesa | tan kongsi nganggo pinêcut | rumat saliring pakaryan ||

5. Mangkana Ki Arsèngbudi | angandika marang garwa | kadingarèn sira kiye | olah-olah nyanyamikan | kaya wong ngundang-undang | sasaji panganan agung | woh-wohan lan juwadahan ||

6. Kang garwa mèsêm turnya ris | wong nganggur dhangan lah-olah | glêpung linjik sadayane | kula karya juwadahan | gêmblong wajik lèmpongan | pipis pisang kocak mêndut | widaran kowa pradapan ||

7. Dhawêt gantal jênang canthil | randhakèli lan jêmunak | cêlorot lan sate durèn | Arsèngbudi gumuyojar | de guna têmên sira | kaya wong kutha angkahmu | angadi-adi nyamikan ||

8. Kadar pira nèng wanadri | mangsa ngêntèkna sapira | tan lintang mung sa-anane | lagyèca dènnya rarasan | sarya dhahar nyamikan | kasaru ing praptanipun | Santri Dhawuk tur uninga ||

--- 11 : 118 ---

9. Kawula atur udani | punika wontên dhatêngan | ngantu nèng paregolane | pan kakalih èstri priya | dulune kawlasarsa | kawula takèn tan ngaku | ngakên janma kapibranta ||

10. Wus têngah tuwuh ing wanci | kalawan rubiyahira | Sèk Arsèngbudi wuwuse | lah age sira turana | agêpah kang liningan | ngandika mring garwanipun | kaya na kang ngakon sira ||

11. Karya nyamikan sasaji | asidik graitanira | ya ta lah rêjêki mono | lir ngupaya kang amangan | binuru nora kêna | tan sinêdya kadhang têmu | anut bêgyanebêgjane. priyangga ||

12. Wiyadi matur ing laki | sintên kintêne kang prapta | punapa tami kinaot | punapa ore kewala | Arsèngbudi lingira | lagi rasaning driyèngsun | kaya yèn janma utama ||

13. Kewala dhadhaganèki | sathithik ngêmu prabawa | nêmu nadhangngadhang. rijêkine | manira tan nuduh sira | akarya pasugata | têka sira ngênthu-ênthu | adi karya papanganan ||

14. Ni Wiyadi mèsêm liring | ririh umatur ring raka | kula wau sayêktose | angliwêt pitik dhadhara | madhêp langkung lêmunya | pun Pancal kula-kèn wau | mundhut lalaban mring wana ||

15. Kirang pirsa ingkang mawi | kinarya sasaos dhahar | kula piyambak (n)dêlambe | jêg ajêng jangan asêman | sêkar turi pêdhêsan | kajêg ajêng mênir jagung | pitik trondhol pêcêlira ||

16. Gumuyu Ki Arsèngbudi | ngling de kaya wong anyidham | ngong-nêmpil asême bae | kinokoh pêcêl santênan | mupung ana dhatêngan | yèku rijêkine tamu | (n)dilalahe kêparêngan ||

17. Santri Dhawuk apêpanggih | lawan Kae Arundaya | Ki Dhawuk alon wuwuse | wawi andika katuran | mring Kae Sèk Arsèngtyas | kang ingaturan tumanduk | malbèng kori paregolan ||

18. Praptèng têritis pandhapi | uluk-salam sinauran | nulya ingancaran linggèh | tansah winangwang kang prapta | gya samya sêsalaman | Arsèngbudi sêkalèmut | pawong-mitranirèng kuna ||

19. Èsmu kagyat dènnira ngling | kapèn-kapèn ing paningal | pa iya apa dudune | kakang Arundaya ika | kang tinujon atanggap | inggih mêkatên yèn èstu | sami botên katliwêngan ||

--- 11 : 119 ---

20. Agupuh Ki Arsèngbudi | angrangkul sarwi wacana | matiya kabênêm ingong | botên anyana satuma | kawula panggih kakang | angruruh têkèng wismèngsun | adhuh kakang sanakingwang ||

21. Samya ngêmu luhirèki | Rundaya magêp wuwusnya | dhuh Arsèngbudi riningong | tan nyana maksih waluya | sun bisa apêpanggya | duk rare tumêkèng sêpuh | têmbene iki pangguhan ||

22. Wus yayi sami alinggih | luwar dènnya rarangkulan | Arundaya lon wuwuse | puniki yayi (m)bakyunta | tumuntur paran-paran | Ki Sèk Arsèngbudi gupuh | jawat-asta sasalaman ||

23. Nêmbrama atur basuki | winangsulan karaharjan | nulya ngling marang rabine | lah Wiyadi wruhanira | ya iku kang ngong pajar | mitra saekapraya wus | tan nana rasa-rumangsa ||

24. Yayi ngabêktiya maring | kakangira Arundaya | miwah mring (m)bakyunta age | ingkang liningan agêpah | nêmbah asasalaman | sarya tur pambagyanipun | rahajèngirèngraharjanirèng. alampah ||

25. Winangsulan kramaning sih | wus tata sami alênggah | Arsèngbudi nyarakake | kakang punika sumangga | pan wajib sumapala | wau ing sadangunipun | raraosan lan arinta ||

26. Dingarèn karya nyanyamik | kadya wontên kang nuduha | tan bodho ing wusanane | dadya rêjêki paduka | bagi ingkang ngamawa | wawi punapa kinayun | pintên bangibanggi. manggih tadhah ||

27. Pêngarêm lêlantih margi | anggonging jiwa katoran | Arundaya lon dêlinge | kalintang panrima reyang | mangsa ringaèng krana | kewala sasêlotipun | lagya marêm apêpanggya ||

28. Pinêksa sêsambèn angling | samya ngalap nyênyamikan | tanpatyantuk panggapene | pancyarka tunggang acala | Arsèngbudi wacana | kakang suwawi awêktu | anèng ing suro kewala ||

29. Rundaya rahab nauri | (ng)gih dawêg yayi Bismillah | nulya sami maring suro | pra santri samya sêmbahyang | kang adan

--- 11 : 120 ---

agêlikan | Arsèngbudi Rundaya wus | samya mahèrantu§ Prayoginipun / mahèrastu /. kadas ||

30. Santri sunat apupuji | sinasmitan kinèn kamat | Rundaya ngancaran kinèn | mangarsi mring pangimaman | nulya Ki Arundaya | angimami ngangkat prêlu | usalinira pasekat ||

31. Utama tibaning takbir | kadya (m)balang tibèng toya | cumêgug jug sabalange | purnèng takbiratul ikram | antara ing aptitah | wajah Patekahira lun | lawan mukaramattuha ||

32. Tumaninahira trêtip | (n)dungkap ing tahyat akirnya | asalam bakda Mahribe | angrahab puji-pujiyan | dhikir amaca donga | têpakurira wus kusuk | sujud takrub anêlangsa ||

33. Sêsangat dènnira taklim | tangi saking pasujudan | ing sasampunira mansoh | sunat Wabin ing radêgan | nêm rêkangat tri salam | wusing purna sunatipun | ngangkat apan wêktu Ngisa ||

34. Rundaya mêksih ngimami | utami sêmbahyangira | praptèng patang rêkangate | tahyat akir salam bakda | purna saliring sunat | miwah watirira§ Prayoginipun / Witirira /. rampung | gya salawat sasalaman ||

35. Bubar mudhun para santri | Arsèngbudi Arundaya | Wiyadi Malarêsmine | samya mundur maring wisma | nèng made pajrambahan | Arsèngbudi lingira wus | Wiyadi sira ngruktiya ||

36. Tata sugatanirèki | sathithik ingkang prayoga | lan sidakna mau kae | kang garwa mèsêm turira | ing sasmitaning raka | inggih sampun kala wau | kados wus rimat sadaya ||

37. Sarwi mundur saking ngarsi | mariksa mring pagandhokan | wus samêkta saosane | santri sarubiyahira | Palangka Pancal PèthakPêthak. | Santri Putih Santri Dhawuk | kinèn anampa rampadan ||

38. Nulya ingirid mangarsi | bubucu kang anèng panjang | miwah lan liwêt pitike | Wiyadi nata rampadan | jangan asêm kalènthang | jangan turi kacang dhudhung | terong binumbu pêcêlan ||

--- 11 : 121 ---

39. Pêcêl-pitik jangan mênir | karupuk dhèndhèng sujenan | rêmpah dhèndhèng ngangengangge. gadhon | sarundèng ragi lan êmpal | abon ayêm mênjangan | basêngèk pitik dumêruk | sambêl lan lalab-lalaban ||

40. Rundaya ling jroning galih | ya ta-lah rijêki Allah | duk ingsun nèng têgal anon | kêmbang turi angrêmbaka | kapengin dèn-asêma | mêngko anêmu nèng ngayun | kang jangan asêm pêdhêsan ||

41. Tan pae Ni Malarêsmi | ngartika sajroning nala | ya ta-lah kamurahane | Allah kang luwih kawasa | duk manira nèng têgal | anon kacang bayêm jagung | kaya ngong pêthik-pêthika ||

42. Kapengin kinêla mênir | lalap kacang gleyor anyar | sokur yèn pêcêl anyar |Lebih satu baris: baris ini tidak perlu ada. sokur yèn pêcêl pitike | ing mêngko ana ing ngarsa | Allah ingkang sung murah | langkung sukurirèng kalbu | Arsèngbudi lon wacana ||

43. Marang tamunira kalih | sumangga kakang Rundaya | lah suwawi kang-(m)bok mangke | kawula aturi nadhah | (ng)gyannipun olah-olah | rayinta akusung-kusung | ngaturi dhahar paduka ||

44. Anulya sami wawanting | pan samya lêkas anadhah | sami kêmbul lanang wadon | pikantuk dènnira buktya | katujon jangannira | Rundaya lan garwanipun | nikmat raosing panadhah ||

45. Satêngah ngraoskên bukti | ana karasa ing driya | -nira mandhêkêl anyangkol | èngêt sudra andrèng paras§ Prayoginipun / paran /. | angruruh putranira | Malarêsmi arawat luh | micara sajroning driya ||

46. Liwat ngêsut sira ati | ngrasakkên nikmating buktya | ngalêm sêga janganning wong | bangêt (ng)gonku tanpa ngrasa | prihatin angupaya | ing suta durung katêmu | ngalêm rasaning sugata ||

--- 11 : 122 ---

47. Kale dudu wajib-mami | dudu guna kaya nipkah | lan dudu kaskaya dhewe | Rundaya mulat ing garwa | mila kanggêg ing driya |§ Kirang sawanda, prayoginipun / jroning / [baris ini sudah benar: 7a]. dinuga ngot tyas wulangun | mangarang marang ing putra ||

48. Ilang raosing ngabukti | antara patang pulukan | mêne ngantu pamuluke | Arsèngbudi nor wacana | suwawi Kang Rundaya | andika nadhah kang tuwuk | owêl gupuhe arinta ||

49. Ing sêmu wus ananggapi | dinuga tyasira brangta | dadya kadho pambuktine | antara nulya luwaran | samya wiwijikan |Kurang satu suku kata: samyage wiwijikan. ambêng wus tinarik mundur | nyamikan lumadyèng ngarsa ||

50. Ngancaran dhahar nyanyamik | Rundaya aris wacana | hèh yayi sêlot-sêlote | Arsèngbudi lon aturnya | kawula tanya kakang | mupung sagêd apêpangguh | masalah tokit lan iman ||

51. Punika kakang kang mugi | paring wulang ing kawula | rumiyin dalah ing mangke | ing tyas dèrèng kapadhangan | mêksih bunar ing driya | kakang langkung bagya sokur | andhatêngi dhatêng kula ||

52. Prasasat idayat ugi | palal Hyang Kang Luwih Wikan | kêdah panggih (n)dilalahe | nyuwun kasiat wuwulang | lah kakang padhangana | Ki Arundaya amuwus | yayi bab tokit lan iman ||

53. Iman pangèstuning budi | kang êning marang Hyang Suksma | jarênih kajatènane | minulya kasuciannya | kalayan panarima | narima ing dhèwèkipun | tan pepeka liring tingal ||

54. Nulak sakèhing pangèksi | pandêlêngan tingal driya | lyan saking Dating Hyang Manon | kang punika yayi mulya | budi ingkang mardika | nungge sawiji pangèstu | kang dadya mas tanpa una ||

55. De tokit punika yayi | budi ingkang bangsa badan | dene iman ing yêktine | ngudi kang bangsa Pangeran | lir sotya lan êmbanan | sirna rannya kalihipun | jênêng li-ali kewala ||

--- 11 : 123 ---

56. Rêtna rukmi tan winuni | kadya ta sotya-ludira | jumbuh sotya lan (m)bananne | mangkana malih upama | iman pami rukmi ka | tokit dêmbaga linuru | nèng kowi winor lan êmas ||

57. Dhawuhing cahya kadêling | kuning bang purba-pinurba | tan amurba sakaliye | tokit pamêsuning jiwa | raga datan pepeka | nulak sakèhing rasèku | tan tomah ing rajah tamah ||

58. Iman pamuntuning budi | tokit pamuntuning badan | puniku yayi jatine | sajatinya kang ingucap | de jatining kasidan | anèng ing pribadinipun | datan kengangkenging. kinaliyan ||

59. Luwih nugrahanta yayi | pribadi sihing Hyang Suksma | tan kêna ginurokake | Arsèngbudi suka rêna | winêjang ing kakhekat | padhang tyasira tan buntu | lir mina sat manggih toya ||

60. Wau Nikèn Malarêsmi | kapering wurine raka | sêlan-sêlan pangrungune | mung ketang pra putranira | kang dadya woding driya | Rundaya non garwanipun | ing netya mila§ Prayoginipun / milya /. sungkawa ||

61. Kawistara dènnya wingit | Arsèngbudi nor turira | punapa kakang marmane | sami angêmu sungkawa | rinta kang-(m)bok punika | paran karapuhan suku | lapak mahawèng ing wana ||

62. Têmbe ngendra ing ngatêbih | angling marang garwanira | Wiyadi (m)bakyumu kuwe | wêdhakên parêm rapuhan | saosana palêswan | kakanta kewala kantun | adima(?) lon dunêmrasa ||

63. Rundaya nauri aris | yayi èsmune rakanta | katênta rapuh anggane | bêtèke apor lumampah | pan datan yèn kadyèka | wontên karasa ing kalbu | reyang sajar sajatinya ||

64. Marma ngendra§ Prayoginipun / mendra /. praptèng ngriki | kalih prakawis parlunya | kang dhingin kajat titinjo | ping kalih wiyosing lampah | reyang parlu papanggya | lan yayarsa tanya tuhu | yèn kasangsangan pawarta ||

--- 11 : 124 ---

65. Santri kampir nèng ing ngriki | jalu tanapi wanudya | puniku putranta rêke | katri pawèstri sajuga | èstri ran Tambangraras | malyèng lakinya anglangut | ngikis ratri tan wawarta ||

66. Tumulya arine kalih | Jayèngrêsmi Jayèngraga | tumutur laju tan mulèh | nulya rabine kalihnya | Rarasati Turida | anut nis kalane dalu | samya tan nêdya mantuka ||

67. Wontên kabare sakêdhik | jênêke putra-andika | kang satunggil sasanane | anèng dhukuh Wanantaka | kalih nèng Ngardipala | ing pawarta dèrèng bêstu | kilap dora lan yêktine ||

68. Rèh ribêd tinuh pawèstri | yayi (m)bakyu-jêngandika | samargi langkung repote | tumêkèng paran sangsaya | tansah onêng ring suta | tyas reyang kadudud-dudud | lir tan kêna sinayuta ||

69. Punika liripun yayi | Arsèngbudi duk miyarsa | gêgêtun langkung ngungune | alon umatur ring raka | dene botên kadosa | kêpalang kakang wulangun | acuwa raosing driya ||

70. Ki Rundaya ngandika ris | rêke yayi rèhêna |Kurang satu suku kata: rêke yayi sarèhêna. dongakêna ing Hyang Manon | yèn wus salamêt ing paran | pangguh kang sun-upaya | saulih mara ing besuk | sun kampir lan sutanira ||

71. Ngulama Sèh Amongragi | tranging ngèlmu winaskitha | yayi tan kacuwaning rèh | benjang ingong jêjênêkan | kang nutug olah-rasa | mangkya yèn wus bakda Subuh | manira laju umangkat ||

72. Arsèngbudi nor nauri | inggih sumangga kewala | ulun kalangkung ajrihe | anênggalang ingkang karsa | sarèhning lagya brangta | kakang tanya prênahipun | Wanantaka Ardipala ||

73. Ngidul-ngilèn saking ngriki | kantun lampahan rong dina | katiga gêthèk praptane | inggih kakang benjing-enjing | kawula nuduh janma | kang anuduh marga ayu | tan samar marang simpangan ||

74. Yèn mangkono lah Wiyadi | asaosa pasareyan | kêlasa lan salêmpiresalampite. | Wiyadi matur ring raka | lamun parêng rakanta | prayogi sareyèng ngriku | anèng tilam pagêbêran ||

--- 11 : 125 ---

75. Tan kuciwa wus miranti | layap anèng patilaman | sakaliyan lan kakang-(m)bok | yèn botên nèng pagêdhongan | kilèn miwah kang wetan | Ki Rundaya ris amuwus | (m)bok ipe apalimarma ||

76. Maringsun mêrnahkên guling | kalangkung panrimahingwang | kewala ngong anèng suro | pan wus kasêdya tirakat | Arsèngbudi lon mojar | anuduh mring santrinipun | kinèn tata pasareyan ||

77. Ingkang tinuduh nulya glis | anggêlar kalasa bantal | guling sakêmule dodod | nulya ngacaran mring langgar | Ki Arundaya linggar | mring suro lan garwanipun | tan cinatur dalunira ||

78. Enjang samya tangi guling | angambil toyastu kadas | santri wêktu salat Suboh | bakdanira angibadah | Ki Rundaya ris nabda | lah ta yayi Arsèngkalbu | manirèki papamitan ||

79. Umangkat mupung aènjing | Arsèngbudi ngling mring garwa | kinèn saos sugatane | gupuh Wiyadi mring wisma | nuduh ing santrinira | kewala anèng ing tajug | (ng)gènnira atata dhahar ||

80. Wusira sèmèkan bukti | amangsuli pamitira | Rundaya Malarêsmine | Arsèngbudi tur sumangga | anulya sasalaman | wus yayi Ki Arsèngkalbu | samya nglanggêngkên ngapura ||

81. (n)Dodonga andum basuki | kang rayi nêmbah turira | mugi manggiha harjèng (n)don | dhatênga ingkang sinêdya | panggihe kang dadya tyas | winangsulan sihing kayun | wusnya salam mring rubiyah ||

82. Arsèngbudi sigra nuding | mring santrinira sakawan | Pethak Pancal Bêlang Putèh | kang kinèn nguntap nèng lampah | sadaya wus sadhiya | miwah panggèndhonganipun | pamucunge anèng marga ||

664. PocungTeks asli: Pucung.

1. Yata wau Rundaya nulya tumurun | umangkat sing langgar | Ki Arsèngbudi tut-wuri | kurmat marang ingkang raka Arundaya ||

--- 11 : 126 ---

2. Lawan wau Wiyadi anut tut pungkur | tumunturing raka | samya kurmat ing têtami | pan dumugi anèng sajawining dhadhah ||

3. Lon amuwus Rundaya mring Arsèngkalbu | lah wus yayi aywa | susah angêtêrèng têbih | jêngandika wangsul ing ngriki kewala ||

4. Samya matur inggih andhèrèk pangèstu | ing salampah kakang | mugi manggiha basuki | inggih rêke benjang yèn wus praptèng paran ||

5. Konduripun ngupaya putranta wau | kakang umampira | mariki mring Bustam malih | wêlasana kawula nuwun wuwulang ||

6. Ris sumaur ênggèh yayi sarêng kuntung | lamun kalujêngan | ing lampah parênging Widdhi | reyang lamun tan kongsi wagêd kampira ||

7. Maklumipun jênggan-para ring katèngsun | araling kawula | cêgah amasthèkkên jangji | lamun cidra dadya jalaring duraka ||

8. Pênêdipun sumendhe marang Hyang Agung | ywa kongsi suminggah | masthèkkên durung pinasthi | pan punika yayi cêgahing ngulama ||

9. Arsèngkalbu nor jiwa sarya umatur | inggih Kang Rundaya | kasinggihan dènnira ngling | kawula nut ing lampah ngriki kewala ||

10. Saur muwus kalangkung panrimanipun | rambah sasalaman | kalihe samya pupuji | miwah sasalaman mring rubiyahira ||

11. Wusnya ngastu nulya lampahira laju | Arsèngbudi lawan | kang garwa Nikèn Wiyadi | samya wangsul saking padhadhahanira ||

12. Kang lumaku Rundaya lan garwanipun | Malarêsmi miwah | santri sakawan kang ngiring | kang sawiji nèng ngarsa atuduh marga ||

13. Pan angidul-ngilèn nut galênganipun | wanci pajar sirat | bangbang wetan ima rêsmi | kadya rêngkêting paès linut parada ||

14. Angrêrênuk lir pulas turutanipun | seta dadu rêkta | kapit kêlamukan wilis | mega malang ngrêgancang pendah bêlabar ||

15. Rêpêt saput lêmah kataman ing pêdhut | wijiling Aruna | ujwala èrêm katangkis | dening ampak-ampak anyunari surya ||

--- 11 : 127 ---

16. Asru umungumyung. swarane panrikan esuk | ririnjing nganjokang | jèthi upa jangkrik bêring | ramya sata myang pêksi mangsane pajar ||

17. Manyar dhècu baranjangan cucuwitan | jalak lan kêthilang | cingcinggoling lan srigunting | kapyarsa sri nèng lêngkaning patêgalan ||

18. Kang anutu anggêntang pating karênthung | janma maring sawah | amaruput rêbut enjing | ingkang lagya angrakiti rajakaya ||

19. Ingkang uwus ngidêri garu maluku | lêmbu myang maesa | kang macul ananampingi | ana ingkang lagya ambêdhah tulakan ||

20. Ana dhaut mocong ngurit têbar tandur | kang mopok galêngan | saya kèh janma makardi | Arundaya wus nglintangi pasabinan ||

21. Têgal talun pagagan gênggêranipun | patugaran wana | napak ra-ara waradin | walang abyor kabur katarajang lampah ||

22. Pan sumawur lir sulung maring garumbul | yata Ki Rundaya | (n)dungkap trataban paminggir | malbèng wana Pacaruban pagrêngannya ||

23. Pan andarung Rundaya anèng wana gung | anrang jurang sêngkan | pêpèrèng parang ngarumpilarumpil. | palunguran gêgênêng têngahing wana ||

24. Wana Jêmbul têtêlêng rannya ing Jêmbul | kabuyutan wana | panasaran wong lumaris | sabab dening angkêr tan kambah ing janma ||

25. Alon matur pra santri mring Rundayèku | punika ing wana | Jêmbul kalangkung awingit | anèng ngriki datan kenging salah karya ||

26. Aruh-aruh sabarang ingkang kadulu | mangke lamun ana | kang katingal kang kapyarsi | inggih rêke paduka kèndêl kewala ||

27. Lamun aruh-aruh kalamun ginanggu | maring panasaran | kang marabumi wanadri | botên kenging gluwah-gluwèh salah-karya ||

--- 11 : 128 ---

28. Manthuk-manthuk nauri kalih lumaku | iya ngong tarima | pituturira ing mami | reyang ti-yatine manawa kèlingan ||

29. Lampahipun parêk têtêlênging Jêmbul | kabèh tan angucap | gèdhèg manthuk mangsit liring | dènnya laku tan ana samya rarasan ||

30. Nusup-nusup mimiyak gêlagah rayung | garumbul pagrêngan | marga tatêrusan alit | parumputan lan wrêksa gêng-agêng payoman ||§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / gêng-gêng /.

31. Nyênyêt samun tan nana swaraning manuk | miwah sato kewan | gêng alit tan na kaèksi | nadyan angin mênêng tan nana sumrabat ||

32. Kang karungu swaraning janma anguwuh | nguwuh mring rowangnya | rarasan tatakon margi | ting jarêlih lir wong kacuthêlan marga ||

33. Swaranipun jalu èstri cêluk-cêluk | kapriye mono ta | êndi margane kang bêcik | dene nora kêpapagan janma mlampah ||

34. Nunut laku di-bènningdi-bène. mari abingung | anèng têngah wana | asêdhih kapatèn margi | adoh desa tan nana kang tinakonan ||

35. Kang anguluk ngunèni tuduh dêlanggung | nanging lêt jujurang | sabawa amêmêlingi | myang jujuge srênggala lir wong (m)bêbêdhag ||

36. Kang lumaku lulus tan na aru-biru | yata na katingal | janma kapapag ing margi | sarwi nuntun kuda tinut ing pikulan ||

37. Datan aruh-aruhan papag ing laku | wus ungkur-ungkuran | ana darbèke kang kari | caping arit panguthik runtuh ing marga ||

38. Kang andulu minggu tan na aruh-aruh | wus wruh wawangsitan | tan kêna asalah kardi | ana malih sing wuri jalma lalampah ||

39. Wong pipitu anglancangi dènnya laku | sami ararasan | anutur marga kang maring | Ngardipala miwah marang Wanantaka ||

--- 11 : 129 ---

40. Ana muwus êndi margane kang ayu | marang Ngardipala | mêtu ngêndi ingkang aglis | apa nyimpang apa kang kiye kewala ||

41. Kang sumaur bêcik iki marga ayu | tan tumurun minggah | apa ta ora arumpil | nulya nimpang wong pipitu tan katingal ||

42. Yata wau Rundaya lan garwanipun | myang santri sakawan | laju lampahira aris | wus kapungkur têtêlênging Jêmbul wana ||

43. Tyasira wus lêga tan na watiripun | ngambah ing pawrêksan | gêng têpung ron anyingupi | santri Putih alon matur mring Rundaya ||

44. Adatipun kang wana puniku wau | wana panasaran | lêlêmbut sring mikatoni | (ng)gih puniku wau kang kapêthuk marga ||

45. Yèn kalamun dèn-aruhi yêkti laju | karat ing lêlêmbut | lujênge kasasar margi | pan sêpêkên bingung tan amanggih marga ||

46. Tujunipun sampeyan tan aruh-aruh | sokur ta wêkas tyas | ing lampah kêdah basuki | ngrika wau dhanyange ajawal-jawal ||

47. Mindha sunu sanak kadang bapa-biyung | pinindha warnanya | kagèt wong kang aningali | mring kang katon kapilayu gya binêkta ||

48. Alon muwus Rundaya mring santri catur | tujuning wakingwang | lan nyaimu Malarêsmi | tan praduli ika iki tan katingal ||

49. Yèn ta iku mau basan nak sadulur | ya êmbuh-êmbuhan | patute bae bilai | nora wurung nyaimu anjrit karuna ||

50. Samya ngungun sokur salamête laku | lêpas lampahira | wanci lingsir pidak siji | anon tirta samya raryan asêmbahyang ||

51. Wêktu Luhur antara salat wêktu wus | ngasokkên sarira | santri sami dèn-bêktani | sangu sêkul ulam miwah nyênyamikan ||

52. Ngraos edhum nèng soring wrêksa trênggulun | pra santri turira | kawula dèn-sêsangoni | nyanyamikan kabucu salawuhira ||

53. Pênêdipun paduka nadhah ing ngriku | lan garwa-andika | kalantih lampah sakenjing | Arundaya nauri reyang tarima ||

54. Santri gupuh angambil toya ing kaskul | cinaoskên ngarsa |

--- 11 : 130 ---

Rundaya anulya bukti | lan kang garwa anutug dènnira dhahar ||

55. Atuturuh luwaran cinarik mundur | pinangan wong papat | Rundaya dhahar nyanyamik | wus luwaran sadaya dènnira mangan ||

56. Lon umatur pra santri mring Rundayèku | yèn parênging karsa | kawula dalêm lilani | sami wangsul mantuk dhatêng ngardi Bustam ||

57. Wêlingipun rayi-(n)dika Arsèngkalbu | yèn wus harjèng marga | kula kinèn wangsul mulih | mapan sampun tan wontên watiring marga ||

58. Alon muwus Rundaya mring santri catur | lah ya wus waluya§ Prayoginipun / baliya / [waliya]. | amung salam donga-mami | aturêna marang yayi Arsèngnala ||

59. Malihipun rêke tuduhna dêlanggung | maring Ngardipala | kang bêcik tan muwatiri | santri matur inggih punika kewala ||

60. Ingkang ngidul yèn wontên simpanganipun | kang têngên kewala | ywa ngiwa simpanganèki | nadyan alit talêr punika kang marga ||

61. Wusnya matur pra santri tur salamipun | pamit wus linilan | sigra wangsul samya mulih | Arundaya lon muwus mring garwanira ||

62. Payo yèn wus aso umangkat lumaku | Malarêsmi sigra | dandan pagèndhonganèki | nulya samya mangkat saking palèrènan ||

63. Lampahipun wus tatas pangrêngganipun | pangalang-alangan | patrataban ing wanadri | lêkas-lêkas lêmpitaning palunguran ||

64. Marga parung parang rumpil siluk-siluk | wana parèncèkan | pagrumbulan wana nipis | Rundaya non janma samya dhadhampalan ||

65. Amèk kayu wênèh ambêngkik wus mikul | Kae Arundaya | mrêpêki tatanya aris | hèh ki sanak manira ayun tatanya ||

--- 11 : 131 ---

66. Marganipun marang Ngardipala dhukuh | kang tinakon mojar | kablasuk dènta lumaris | puniki dede margi mring Ngardipala ||

67. (n)Dika wangsul malih margi ngriku wau | kajêng-kajêng ragas | kang alit talêring margi | ingkang lêpas maring dhukuh Ngardipala ||

68. Pan kapaung ing lampah (n)dika kalèntu | puniki (n)jogira | margi agêng Gunungsari | dalêmipun Cariksutra Carikmudha ||

69. Duk angrungu Rundaya lêga tyasipun | ngartika jroning tyas | (n)dilalah palaling Widdhi | wong kêsasar iki têmah kêbênêran ||

70. Yèn ta lamun tan kasasara ing laku | baya datan bisa | katêmu lan mitra-mami | Cariksutra kalawan Ki Carikmudha ||

71. Lon amuwus Rundaya patakonipun | kang êndi ki sanak | dhudhukuh ing Gunungsari | anauri inggih ing ngriki kewala ||

72. Lêt lulungur gênêng kang kilèn puniku | èdhèng-èdhèng wana | babana wana sakêdhik | praptèng lêbak ing Gunungsari katingal ||

73. Ngling (ng)gèh sampun asangêt panrimaningsun | ngong laju kewala | kang liningan angling inggih | pan umangkat Rundaya sing pangandhêgan ||

74. Lampahipun mangulon anrang wana gung | umiyat gênêngan | tumurun marganya rumpil | angêrakal dadya rêmbên lampahira ||

75. Garwanipun arikuh tansah tinuntun | praptèng pangareyan | lêbak pawukiran alit | anon kali alit ilining kang toya ||

76. Rarywan ngriku anèng sela gêng rênggulu | angum we wak-awak | wanci wêktu Ngasar akir | wusnya siram mèt toyastu salat Ngasar ||

77. Bakda wêktu nulya laju lampahipun | wau katingalan | ing dhukuh ing Gunungsari | satêngahing bubulak pêngkêranira ||

78. Ukur-manthuk rong garêmbêl dhukuhipun | kang nginggil Patrukan | mêsjide alit acèkli | pagêr gêdhèg ingênjêd katon sumilak ||

--- 11 : 132 ---

79. Lingira rum Rundaya mring garwanipun | baya kae uga | kang binatur dhukuhnèki | masjide kang acilik katon anganggrang ||

80. Nulya laju malipir pagêring talun | têgil pasabinan | mangsane pangrêmbang dami | angêmohi nêdhêng têtêl pala-pala ||

81. Sri dinulu patanêmanira tulus | sangkêp warna-warna | jajanganan jagung jali | juwawut lan linjik gudhe myang katela ||

82. Pan panuju sabate matun ing talun | kakalih wastanya | Sêtranaya Sêtragati | Arundaya alon dènnira tatanya ||

83. Lah ta bagus ing pundi pawismanipun | Kae Cariksutra | kang liningan anauri | (ng)gih puniku wismane Ki Cariksutra ||

84. Malih muwus yèn mêkatên pênêdipun | andika wèh wikan | reyang parlu yun pêpanggih | angling inggih dhasar kawula punika ||

85. Sabatipun Kae Cariksutra nêngguh | yèn wontên dhatêngan | (ng)gih kawula kang tur uning | lah suwawi (n)dika nut ing lampah-kula ||

86. Samya mantuk wong ro ngiring lampahipun | Kae Arundaya | nèng wuri lan Malarêsmi | garwa tansah kinanthi rèh kawlasarsa ||

665. Kinanthi

1. Wau-ta kang lagya lungguh | Cariksutra nèng wismèki | sinaji anèng pandhapa | anyamping sarung bang Bugis | sabuk modang singsêt pisan | mangking golok silih-asih ||

2. Dhêstar Arab adu mancung | tinrap malèrèt malipis | jêplakan namung salêmbar | wida kalêmbak seta mrik | asumping lênga têlêngan | tuwa masih ambêsusi ||

3. Bojone papat yu-ayu | tumundha tuwa nomnèki | wayah nak putu diwasa | rarakitan warnanèki | karo sami lêkêrira | kadi kêmbar kakang adhi ||

--- 11 : 133 ---

4. Karo samya lancapipun | wangun sami kakang adhi | bojone kang tuwa kuna | têlu inganggurkên sami | wus tinalak nging tan lunga | tur tan apatutan siji ||

5. Duk ing jaka-laranipun | titiga wastanirèki | (m)bok Sumarsi lan Wilapa | (m)bok Surêmi katrinèki | mangkya wus tan langgêp pakah(?) | sêdya sumungkêm tut-wuri ||

6. Samya cipta mawong maru | kadya sutane wuragil | sumêrêp amèt mèt manah | marang kang winêngku mangkin | garwa sakawan namanya | kang tuwa Nikèn Mintarsih ||

7. Mintarêsmi kang panggulu | panêngah Nikèn Wratsari | Angronsari wuragilnya | dadya pitu sadayèki | kang nom sakawan nèng ngarsa | amarak lakinirèki ||

8. Naoskên sasajènipun | lêladènira pribadi | woh-wohan kang lah-olahan | mamanisan wêdang kopi | Ki Cariksutra anabda | mring para rabinirèki ||

9. Sakesuk mila ngong dulu | sajodho parênjak muni | anggantêr tan lyan (ng)gyannira | wali-wali nèng wit manggis | tan pati kêsit ibêrnya | ngathêthêr lir manuk gêring ||

10. Paran ta wahananipun | adating parênjak muni | pra rubiyah aturira | manawi wontên têtami | yèn botên angsal rubiyah | wus sakawan wêwah kalih ||

11. Gunggung sasanga sadarum | Cariksutra gumuywa ngling | iku ta mangsa kêna-a | luwih papat ingkang wajib | Mintarsih mèsêm saryojar | warti andika rumiyin ||

12. Criyose mawi dèn-kuluk | kuluk montên kadipundi | gumuyu Ki Cariksutra | basa kuluk mono yayi | lakuning nikah-ing ngentraingentra. | kang têtêlu angratani ||

13. Nadyan ana-a rong puluh | sèkêta satusa èstri | kêna winaratan ningkah | manggung kewala kang siji | nora kêna lumaku-wa | apan duwèke kang padmi ||

14. Pra garwa mèsêm amuwus | bêjane kang olèh siji | samyosik sajroning nala | kapengin duwe kang siji | lèjême samya atanggap | ing sêmu rêbut (n)dhèwèki ||

--- 11 : 134 ---

15. Dadya liringira rêngu | kapagut landhêping liring | mèsêm Kae Cariksutra | wruh rabine runtik liring | ngimur-imur manuara | mêngko ta ingong-tuturi ||

16. Mungguh kang mangkono iku | panjênênganing Narpati | wênang nguluk pra biyada | lawan panjênêngan Nabi | yèn wong cilik tan winênang | kasiku mring (n)Jêng Narpati ||

17. Pra garwa lêjar tan rêngu | samya samudana angling | wus mantun salayèng nala | Ki Cariksutra ngling aris | wus pangulahirèng priya | pawèstri tipis ing budi ||

18. Purwakane iku mau | anyatur parênjak muni | mèh bae salin babagan | ujaring parimbon pêksi | yèn têlatèn tinitènan | wahanane prênjak muni ||

19. Yèn prênjak muni nèng kidul | bênêr lamat dhayoh prapti | yèn nèng kidul-kilèn (ng)gènnya | lamat ana wong nênagih | yèn nèng kulon bênêr lamat | wong tuwa sanak doh prapti ||

20. Yèn lor-kulon prênahipun | wong (n)jêjaluk ngudi-udi | yèn lor bênêr prênjak munya | lamat rijêki kang prapti | yèn prênjak munya lor-wetan | lamat dhayoh tutur warti ||

21. Yèn nèng wetan bênêr iku | ngalamat satrune prapti | lamun muni kidul-wetan | lamat dhayoh anglong-longi | yèn parênjak iku munya | angidêri ing wismèki ||

22. Kongsi têpung-gêlang iku | luwih bêcik lamatnèki | kadhatêngan dunya kathah | tur sami rijêki suci | katêkan bêgja nugraha | sabobot kang dilamati ||

23. Yêkti uga nora dudu | ujaring parênjak muni | pra garwa matur sêmbrana | mendahe punang kang pêksi | de punika prênjak munya | sadintên anggantêr muni ||

24. Sakènjing tan wontên tamu | Ki Cariksutra mèsêm ngling | yèn besuk-esuk mênawa | ana dhêdhayoh kang prapti | dangu wawan pagujêngan | santri Setranaya prapti ||

25. Lan Setragati agupuh | matur punika ing (n)jawi | pan inggih wontên dhatêngan | jalwèstri kawêlasasih | pupuji ayun panggiha | lawan paduka ing mangkin ||

--- 11 : 135 ---

26. Atêbih ing wismanipun | bang wetan cêlak pasisir | apan saking Wanamrêta | wastanipun tan ngakêni | Ki Cariksutra anjola | sasmita rabinirèki ||

27. Yêktine ngalamatipun | pêksi parênjak kang muni | ana karasa ing nala | kaèngêtan duk ing nguni | mitrane saekapraya | Rundaya wastanirèki ||

28. Ngling ing driya paran dudu | apa iya ingkang prapti | pawong-mitra-ngong ing kuna | muga sayêktine ugi | mangkana ciptaning driya | wasana ngandika aris ||

29. Lah wus aturana gupuh | sujanma kang nêdya prapti | kang liningan sigra mèntar | Cariksutra angling malih | tan goroh panarkaningwang | bênêr si parênjak muni ||

30. Lah wus mara ta dèn-gupuh | ngruktiya bukti pribadi | sakadarira anjangan | dhewe-dheweya sasaji | akanthiya santrinira | sawijèdhang dimèn aglis ||

31. Sêtralewo Sêtralêmbun | Sêtranaya Sêtragati | si Sêtradrêmba kewala | angladènana mring mami | pra rubiyah mundur ngarsa | samya lah-olah pribadi ||

32. Lah Sêtradrêma sun-tuduh | mênyanga ing Kalisari | sira undanga rèningwang§ Prayoginipun / riningwang /. | Ki Carikmudha dèn-aglis | tuturên yèn sun dhatêngan | rewang manggihi têtami ||

33. Ingkang kinèn mentar gupuh | maring dhukuh KaliasriKalisari. | yata kang nèng paregolan | Sêtranaya ngancarani | jêngandika ingaturan | ywa kêdangon anèng (n)jawi ||

34. Nulya kèrit lampahipun | lan kang garwa Malarêsmi | praptèng tritising pandhapa | tan têbah lan garwanèki | asru dènnya uluk-salam | sinauran wasalami ||

35. Gupuh ingacaran lungguh | pinapag gêlaran putih | majêng samya sasalaman | pupuji kalihirèki | ingacaran tata lênggah | Ni Malar lungguh kapering ||

--- 11 : 136 ---

36. Dangu tan sinarwèng wuwus | tamunya tansah liniring | ingèngêt-èngêt jro nala | kaya iya kadi pangling | mênawa mêmadha rupa | ewuh dènnira ngaruhi ||

37. Datan na pantara dangu | kang rayi ing Kalisari | Carikmudha ingkang prapta | nêmbah tur salam alinggih | Cariksutra lon ngandika | iki yayi tamu-mami ||

38. Carikmudha nor tumungkul | nulya angandika malih | nambrama mring tamunira | madya krama mambu ati | lah bageya rêke ingkang | sumêdya parlu mring kami ||

39. Ing pundi pawingkingipun | saking tambêt têmbe mèksi | ing ngarsa pundi sinêdya | sapa sintên kang wawangi | kang sinambrama wacana | sumanggèng karsa mastani ||

40. Cariksutra malih muwus | kaya nadyan ngong udani | sun-pêjar§ Prayoginipun / sun-pajar /. manawa iya | duk kina padha sih alit | manira pawong-sanakan | duk kala pamuktèn-mami ||

41. Arundaya wastanipun | arine Ki Darmèngbudi | karone pêkêt sadaya | pati kalawan wak-mami | kaladuk padha ngalaya | bêngi yèn amênthêlêngi ||

42. Duk masih gêsang ramèngsun | kalanya tan sarèh budi | manira lagi samana | Rundaya iku tut-wuri | mring duk sun-laku dursila | anèng tanah ing pasisir ||

43. Amaling kongsi kaplayu | tan wruh ing babahan mami | bingung kinêpung wong kathah | samya numbak ngong tan gingsir | Rundaya kêna ing tumbak | marang kang duwe wismèki ||

44. Sabêne Rundaya têguh | iku pasah lambungnèki | asambat ngadhuh apêjah | ngong wus nyana yèn bilai | kumêpyur ati manira | gupuh-gupuh sun-tulungi ||

45. Nuli sun-gendhong lumayu | gya laju ngong gawa mulih | titire kongsi raina | Ki Panurta duk miyarsi | ing wuwuse Cariksutra | sru dènnya gumuyu bilik ||

--- 11 : 137 ---

46. Kang (n)dika-pajar puniku | yayi (ng)gih kula sayêkti | kang para critakkên uga | bilai kala ing nguni | lah ênggèh puniku reyang | manira sêngguh wus mati ||

47. Ki Cariksutra angrangkul | dhuh kakang botên angimpi | lamun mangke papanggihan | sêdya mêrdhatêng ing mami | pun kakang siyinriyin. mah-imah | angsal pamutiyan Tubin ||

48. Ing mangke paran sih lulus | Ki Panurta anauri | inggih punika kakanta | milya tumutur ing kami | nulya samya sasalaman | atur pambagya basuki ||

49. Angling marang arinipun | lah Carikmudha sirèki | tura bêkti ring kakanta | kang rayi salaman aglis | ngabêkti atur waluya | miwah marang Malarêsmi ||

50. Wusnya samya tata lungguh | Cariksutra angling malih | hèh Mudha rubiyahira | karo pisan kon mariki | gya nuduh Ki Sêtradrêma | kang liningan mentar aglis ||

51. Ngandika mring pawongipun | pawèstri kinèn nimbali | marang pra rubiyahira | kang tinuduh mring wisma glis | matur (n)dika tinimbalan | sadaya marang pandhapi ||

52. Dènnya lah-olah nuju wus | nulya adandan ngarêsikarêsik. | nganggo-anggo sawatara | mamagut§ Prayoginipun / mamatut /. sakadarnèki | wusnya sami ngayuwarna | wong papat sarêng umijil ||

53. Alungguh nèng wurinipun | tan dangu wau kang prapti | bojone Ki Carikmudha | awasta Nikèn Sumilir | kang anèm Ni (m)bok Sukarsa | satêngah rada nom kêdhik ||

54. Tuwa maksih nom dinulu | labête ayu prak-ati | Ki Cariksutra ngandika | marang ipenira kalih | tunggala lan (m)bakyunira | kabèh ngabêktiya sami ||

55. Gya sasalaman kumrubut | gantya-gantya mring tatami | pambagya atur waluya | winangsulan sami-sami | Kae Rundaya ris nabda | tan jamak ri-reyang iki ||

--- 11 : 138 ---

56. Bêsuse duk misih kuncup | kongsi tuwa misih bêthing | nora lungsêt birainya | tan nana luwasirèki | bêtah mègèk cilik mula | dhasar cilik-cilik gandhik ||

57. Akêndêl pintêr atêguh | tan nana dèn-pakèringi | angrêbut pangantèn anyar | bojone tinantang wani | marêp mungkur kon nyuduka | bojone dèn-susumbari ||

58. Kang duwe bojo anjêtung | dèn-palaur (m)brêbêsmili | dêlah mêngko gajêg iya | nora bisa mamarèni | tandha bojone sih bocah | Cariksutra gumuywa ngling ||

59. Inggih kakang donganipun | kêdah ginanjar kadyèki | yèn èngêt duk sih jajakan | lan kakang têka ngangêni | lir bali-baliya bocah | nutugi braging ngati ||Kurang satu suku kata: nutugi beraging ngati.

60. Ki Arundaya gumuyu | bênêr pêpêthèkan-mami | tuwa bêgère lir bocah | nging pênêd watak birai | wèt anom adoh ing tuwa | mawa awèt kuwatnèki ||

61. Lah ipe reyang rumuhun | punêndi punapa misih | utawa yèn wus padhêma | Cariksutra mèsêm angling | kakang tanya mring ipenta | won-awon pan inggih misih ||

62. Nuding maring pawongipun | katêlu sarêng amijil | (m)bok Sumardi (m)bok Wilapa | katri lawan (m)bok Surêsmi | katiga wus praptèng ngarsa | Cariksutra ngandika ris ||

63. Padha nêmbaha sirèku | marang kakang sanak lami | nulya samya mara nêmbah | angujung atur basuki | miwah marang Nikèn Malar | samya nor sokur pupuji ||

64. Cariksutra lon turipun | punika warninirèki | rinta rumiyin kang kina | ingkang sêpuh pun Sumardi§. | kang panêngah pun Wilapa | kang gimblah gêng awaknèki ||

65. Surasmi wuragilipun | sami ngong ngindhungkên sami | mênawi kakang kèngêtan | rinta pun Wilapa nguni | kang wau andika pajar | (ng)gyan kula ngrêbut pangantin ||

66. Ki Arundaya gumuyu | hêm ya kèlingan mami |Kurang satu suku kata: hêm iya kèlingan mami. yagene lagi rinêjang | nyangik-nyangik sarwa wingwing | mêngko awake tan

--- 11 : 139 ---

lumrah | gêdhene angluluwihi ||

67. Inggih sampun kadi bêdhug | bubrah rayinta puniki | ginuyu sadayanira | kang ginuyu sukèng ngati | angling marang bojo tuwa | lah mara padha sirèki ||

68. Liwêtna kang mênul-mênul | padha punagiya sami | sira mring kakang Rundaya | apa ta sira apangling | umatur inggih sakêdhap | dangu-dangu datan pangling ||

69. Cariksutra ris umatur | sumangga kakang puniki | sawontênipun nyamikan | kapiran datan binukti | pijêr rarakêtan sabda | mring dhaharan tan ngopèni ||

70. Mara ta kono sirèku | Carikmudha nora nyamik | kaya dhayoh têmên sira | jamak sira angrahabi | anulya sami angalab | nyamikan sasênêngnèki ||

71. Wanci surya tunggang gunung | (n)dungkaping wêktu Mahêrib | Ki Cariksutra turira | suwawi kakang mring masjid | ing nginggil tajug Patrukan | Rundaya rahab dènnya ngling ||

72. Lah ênggèh utawi wêktu | ngabêkti ing Hyang utami | nulya mring suro Patrukan | nèng pucaking gênêng alit | munggah nètèr sadêdêlan | padasannira wus rakit ||

73. Sami ngambil toya wulu | sadaya samya sêsuci | santri adan agêlikan | wus adan sunat pupuji | nulya sinasmitan kamat | Rundaya kinèn ngimami ||

74. Wus anjênêngakên wêktu | ing salat têkèng utami | kang makmum para rubiyah | miwah santri jalu èstri | antara tigang rêkangat | purna sêmbahirèng Widdhi ||

75. Manjing wêktu Ngisanipun | Ki Bayi maksih ngimami | wus antara bakda salat | paragad kang sunat Witir | salawat asasalaman | wus luwaran sadayèki ||

76. Rundaya ngaturan kundur | praptèng wisma tata linggih | Cariksutra ngling pra garwa | wêdana (ng)gyanta sasaji | nulya pra rubiyahira | sadaya mundur sing ngarsi ||

--- 11 : 140 ---

77. Ngladèkkên sugatanipun | dhewe-dhewe kang sasaji | tinata anèng ing ngarsa | rampadanira pribadi | sami sadhulang-sadhulang | lêlawuhan warni-warni ||

78. Sêkul pulên lan bubucu | wuduk punar lan kêbuli | liwêt pitik lan wêlaka | jangan mênir pêcêl pitik | bècèk mara ladha pindhang | cupang loncom bênce banci ||

79. Jangan lodhèh bobor brubus | barongkos letho lan pêtis | lêmbarang asêm balendrang | opor bèbèk bêsngèk pitik | dhèndhèng ngage lan sujènan | ati abon êmpal ragi ||

80. Gêcok têmil miwah duduh | bon rêmuk dhèndhèng karipik | sarundèng karupuk rêmpah | sambêl gorèng lan kêmiri | sambêl dhêle balur kacang | lalaban mawarni-warni ||

81. Wus samêkta sadayèku | Cariksutra ngancarani | sumangga kakang Rundaya | kawula aturi bukti | lan kakang-(m)bok adhahara | suwawi andika wanting ||

82. Arinta akusung-kusung | samya abêthak pribadi | lir punagi apêpanggya | Kae Rundaya ngling aris | yèn parêng ing ngriku samya | kêmbulan kewala bêcik ||

83. Ing ngriki sami akêmbul | kewala krana Lah sami | supaya pikantuk nadhah | eca kandhurèn prayogi | nulya Cariksutra ngatag | payo kinèn sarêng bukti ||

84. Agupuh samya tuturuh | (n)dan lêkas sami abukti | kalangkung pikantukira | têmbe akêmbul kêndhuri | (m)bok Wilapa dènnya nadhah | akokoh jangan mênuhi ||

85. Satêngah mangan anginum | banyu tawa ing cacanthing | lêt sadhela nginum toya | kang kiwa anyêkêl canthing | tan têbih kalêmukira | sinandhing suwene bukti ||

86. Rundaya mèsêm amuwus | tan jamak ipeku iki | lêmu katêmu ing pangan | akèh marang§ Prayoginipun / mangan /. ngumbe wani | yèn wong mangan ngombe tandha | apupuk daginge urip ||

--- 11 : 141 ---

87. Otot bayu balung-sungsum | awaras sadayanèki | atêbih sasakitira | awênês cahyane wêning | subur waras wêtêngira | kulite alus kalimis ||

88. Yèn aja nistha dinulu | wong lêmu jalu lan èstri | bêcik pawèstri lêmuwa | ucape kèh ngrêjêkèni | dèn-ranni pêngawak saras | linulutan sandhang bukti ||

89. Yèn wong lanang sangêt lêmu | kalêmon datan pakolih | badanne tan bisa rikat | angkat junjung tan kuwawi | nanging samuwa wong lanang | padha lêmu lan wong èstri ||

90. Yèn èstri saru dinulu | nanging pakolihe bêcik | yèn lanang pantês sinawang | pondhong pikul tan pakolih | wong iku lanang wadona | bêcik pupuk sarirèki ||

91. Sadaya mèsêm tumungkul | Cariksutra gumuyugumuywa (konsisten dengan tempat lain yang kata itu diikuti ngling). ngling | ngangêni têmên si kakang | samangsa anjajarwani | acêtha rata anyata | tan nana luput samênir ||

92. Nanging pinanggih satuhu | rinta Wilapa puniki | ragi acêkap piyambak | tur tan kawula opèni | nipkah sakêdhik-kêdhika | botên nate kula sungi ||

93. Tiyang wus nganggur pitêkur | gêsang-gêsange pribadi | dhasar tan wontên patutan | tanpa kadang anèng ngriki | sasagêdipun priyangga | tan wontên ingkang nulungi ||

94. Ki Bayi mèsêm amuwus | ngantu bukti sambèn angling | dadya tan kathah anadhah | dene kang puniku yayi | kuwasanirèng Hyang Suksma | titah wus binagi-bagi ||

95. Laire ipeku iku | gèsèh lan jênêngirèki | Wilapa mono pantêsnya | akurutan pati bukti | Wilapa awake lêma | kaya ajêjênêng santri ||

96. Amat Supi Amat Yusup | dadi botên anjênggèsi | panguripe nèng patowan | gèsèh jênênge Mat Supi | têka karêm dadi bangsat | lir wong jênêng Sutakrêti ||

97. Lokajaya Sura-mênthung | dadi alim mulang têpsir | paham

--- 11 : 142 ---

maring kitab Kur'an | dadya paguroning janmi | karsaning sira Pangeran | kaelokaning pangèksi ||

98. Wus antara dangunipun | anutug dènnira bukti | luwaran tuturuh asta | ambêng rampadan cinarik | mundur marang rowangira | saladènnira pribadi ||

99. Nulya dhadharan mangayun | lir wau dènnya sasaji | sakadar-kadar priyangga | sangkêp warnaning nyanyamik | samya tinata ing ngarsa | Cariksutra ngancarani ||

100. Kakang sumangga ing kayun | punika pangusap amis | kang sumapala punika | guguhipun ingkang rayi | sumapala saking kathah | kêdhik-kêdhik nanaosi ||

101. Kang ingancaran amuwus | (ng)gèh Alkamdulilah yayi | anulya samya angalap | sadaya sasênêngnèki | Rundaya alon lingira | yayi Cariksutra mami ||

102. Nyarêmi sagantênipun | mênggah punika (m)bok adhi | kang tuwa katêlu pisan | punika datan prayogi | lamun kinisas ing talak | tan ilok sru kawlasasih ||

103. Wêgung pawèstri puniku | cinêkak wus tan majibi | nipêkah têlung prakara | sarta pathoking pangèksi | yèn campur made myang wisma | punika sih mutawatir ||

104. Marêkkên tyas ingkang dudu | prayogi winêngku sami | ngalap wênang ing ganjaran | kinuluk bae prayogi | dadya tan sung siya-siya | amung sihing kawlasasih ||

105. Têtela tumêmênipun | nêdya ngêpon tan ngoncati | antêping wong asih sêtya | mring laki kèlinganèki | saking bojo jaka-lara | rewang lara lapa lami ||

106. Cariksutra ling gumuyu | nolih mring bojonira tri | bêgjane wong nora kêna | brêkate wong mantêp budi | lawas enggale tinêkan | bakal padha olèh kawin ||

107. Bojo tuwa katrinipun | sumringah netyane sami | wus winêngku malih samya | luwar pangindhungirèki | tilêm numpil pêtilêman | ginantungan gilir kawin ||

--- 11 : 143 ---

108. Cariksutra sakêlangkung | suka rênanirèng galih | papanggihan§ Prayoginipun / papanggih lan /. Arundaya | wulanguning mitra lami | angling marang Carikmudha | (m)bok ayo trêbangan bêcik ||

109. Iya padha ala nganggur | dhêdhèwèkan bae sami | wruh kang Rundaya kèlingan | dhingin yèn anrêbang wasis | mêngko (m)bakyumu Wilapa | lan rabimu (m)bok Sumilir ||

110. Kinèn (n)dhulêng ambêdhudhuk | kurmat mring rakanta prapti | ya mangsa sabên dina-a | mupung sami apapanggih | gumuyu Ki Carikmudha | matur sumangga prayogi ||

111. Nanging punika (m)bok-ayu | Wilapa kinèn (n)dhulêngi | lah punapa sagêd emprak | kawratan badanirèki | dene kumrèngkang kewala | ambêgane kêmpis-kêmpis ||

112. Punika lungguh kur dangu | karingête kumyus mili | kêdah tilêman kewala | lomah-lamèh kalih ngagir | amêsakakên maningan | lamun kinèn andhulêngi ||

113. Kang raka asru gumuyu | dimèn witne mundhak bêcik | mongsora§ Prayoginipun / mangsa ra /. dèn-rah-araha | wong duwe awak pribadi | kang myarsa gumuyu suka | bojo kang nom ana angling ||

114. Abote kae jêr uwus | mêngko bakal olèh kawin | abot thithik dadi dhangan | wong têlendho dadi kêsit | lungkrah dadi sêgêrira | lara dadi warasnèki ||

115. Wong bakal (ng)koliyan untung | barang prentah dèn-lakoni | sangsaya samya asuka | Wilapa mèsêm nauri | ya kono padha moyoka | ku dhewe ngalan-alani ||

116. Ki Cariksutra anuduh | mring santri kinèn angambil | tarêbang aran si Sumyang | lan kêntrungira si Jangkrik | trêbange si Carikmudha | si Guntang agêmirèki ||

117. Wus samya katur ing ngayun | Cariksutra ngancarani | sarwi ngulungkên tarêbang | punika kakang suwawi | kawula aturi nrêbang | Ki Rundaya anampèni ||

--- 11 : 144 ---

118. Sinêntak trêbang ginêmbyang | Cariksutra ngling mring santri | ing kono padha nglumpuka | Sêtranaya Sêtragati | Sêtrarêmbun Sêtradrêma | Sêtralewo dèn-agêlis ||

119. Lah padha bawa-a barung | lan wong wadon sadayèki | agupuh ingkang liningan | samya ngalumpuk pra santri | Ki Bayi kajodhoning tyas | mulat ing garwa kang kingkin ||

120. Pinikir mungguhing ngèlmu | lakune wong mara tami | kudu sumarah ing karsa | parlu sarat angenaki | sakarsane kang ngaumah | sakadar angawulani ||

121. Ki Cariksutra turipun | marang Ki Arundayèki | sumangga kakang Bismillah | andika lêkas sasingir | Ki Bayi nulya abawa | la illaha illalahi ||

122. Mukamadun salalahu | ngalaihi wakabibi§ Prayoginipun / wakabihi /. | sinauran ing ngakathah | ramya tarung jalu èstri | asru asri piniyarsa | sarya tinampan trêbang tri ||

123. Praptèng pasèlèhanipun | Ki Bayi nampani singir | tanakalhu bi as'ala | i'arbabi saodadi | ngakada samsu pil ibra | jihad tattana kaluni ||

124. Swaranira ngêntul-êntul | karêkêle angunani | nora pati wiwilêtan | cèngkok pasaja ngajêgi | êmpuk arum mêmbal-mêmbal | grathul-grathul wus akiki ||

125. Sangêt ing panrêbangipun | labête bêsus pan misih | dèn-ingêr-ingêr trêbangnya | sinangga jêmpol lan sikil | liningling agag liwangan | gêndhug bêm êmpuk abêning ||

126. Kêmpyang tampèlan ngatipung | gêmbrung bême abanggèni | ajêjêgira alamba | pong-kêpong pik dhêng pung-pung grig | pyak-pung pyak-pung bêm bung-bung byang | tong-têg tong-têg tong-ting-tong-gring ||

127. Wus antara dangunipun | dènnira salawat singir | praptèng ngakir sinalahan | suwuk tarêbangirèki | maca salawat sauran | samya kèndêl ngaring-aring ||

--- 11 : 145 ---

128. Ki Cariksutra amuwus | lo iki kakangirèki | Arundaya yèn anrêbang | apike pasaja wasis | lir cêlathon wela-wela | tan kakèyan pamètnèki ||

129. Unine enak rinungu | êmpuk saplak lawan singir | tan kasêron lirihira | nora angêrobi singir | singire lawan tarêbang | padha sru lirihirèki ||

130. Ki Carikmudha gumuyu | inggih kasinggihan ugi | kawula rêmên nèlada | panrêbange kakang Kyai | miwah sajake singiran | pasaja amarêk-ati ||

131. Ki Rundaya aris muwus | yayi anggunggung ing kami | ing singir panrêbang reyang | maksih datan anyamèni | lan sutanta Jayèngraga | kèh santri ngalêmbanani ||

132. Kang rayi kalih nor lungguh | sarwi sasambèn nyanyamik | kabèh wrata pinuluran | santri miwah para èstri | wong rong dhukuh samya prapta | tuwa nom myang rare alit ||

133. Jalwèstri samya (n)dudulu | tarab nèng jrambah alinggih | samya kinuran nyamikan | Cariksutra ngandika ris | lah wis sira Carikmudha | gêgêntènana asingir ||

134. (m)Bakyumu dimèn (m)badhudhuk | gagêntèn lan (m)bok Sumilir | sajak cara Jawa saban | sabisane santri wukir | Sêkargadhung lawan Lêmpang | agampang nora na wigih ||

135. Carikmudha nulya ngêntrung | (n)dan lêkas bawa angêlik | Allah ya rabun Allah |Kurang satu suku kata: Allahu ya rabun Allah. walilahiya Ilahi | tinampanan ing ngakathah | Sêkargadhung lagonèki ||

136. Ramya sru swara abarung | asri swaraning jalwèstri | têkèng paseleyanira | anglik singiran bisahi | angaplak panrêbangira | ulone kêncêng angêlik ||

137. Ing Gunungsari wus punjul | tan nana swara kadyèki | lir swarane Carikmudha | rong desa bêcik pribadi | dhasar karêm salawatan | yèn kaampiran pra santri ||

138. Dèn-andhêg kongsi nêm dalu | dèn-ajak singiran dhikir | mangkana Ki Cariksutra | ngatag mring rabinirèki | lah payo sira Wilapa | andhulênga suluk singir ||

--- 11 : 146 ---

139. Kang kinèn tan lêngganèng kayun |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / yun /. anut sapakèning laki | angangkat ngadêg rêkasa | mênggah-mênggah napasnèki | Rundaya awas tumingal | (m)bok wus ywa sira-kon yayi ||

140. Asangêt kangèlanipun | mèh kaya tan bisa tangi | ya ta lah nora kaya-a | bot-bote kaprentah laki | tan etung ing suba-sita | saking jrihira ing laki ||

141. Ki Cariksutra gumuyu | kajêngipun andhulêngi | dhasar rêmên siyinriyin. mila | mumulang ojrat mring santri | wus ngadêg Ni (m)bok Wilapa | lir rêmbêng dèn-sèsèmbongi ||

142. Anjênggêrêng kadi bêdhug | wayanganira ngundhuki | wong sapuluh kaundhukan | samya gumuyu kang mèksi | (n)dan lêkas andhulêng emprak | lir bulus kêna ing pancing ||

143. Sarwi aririmong pêlung | tumbal bang ridhongirèki | lir kurungan pangukupan | ngandhukur angrêgêmêngi | prandeneya karya solah | riridhong dèn wiwir-wiwir ||

144. Maju mundur migut-migut | katon cêndhêg baunèki | ukur obah awakira | ting galidêr bokongnèki | awake agêgandhikan | susu lir kang impês isi ||

145. Pasalèhe bawa barung | Wilapa nampèni singir | angêlik swaranya rênyah | alit mêrit muluh rujit | tan sêmbada gimblahira | (ng)lêmbarah swarane cilik ||

146. Suluk Antih singiripun | sêdhênge purnama siddhi | padhang wulan akêncaran | sumorot wulan madhangi | panglêmburane parawan | jantrane anyar rêspati ||

147. Kalindhên anyar swara lus | lêkas ngantih Lara Suci | babantal Sanggabuwana | indhên punamaningpramananing. budi | têlacak iman tan owah | lar-lar tapakaning Widdhi ||

148. Lawan panêrusing laku | pupujiyan ubêngnèki | kalindhên talining gêsang | kikipinge pamiyarsi | kisining pancêring tingal | kapase purwane dadi ||

--- 11 : 147 ---

149. Cakraning gilingan wahyu | bêbêthut pangeling-eling | kêdhênge pan nora samar | wusone giyaring budi | mawuring gilaping cahya | pilihana ala bêcik ||

150. Pêrdinên ujar kang tuhu | gêblègên pamisesèki | gulungên mujamalira | watawis dugi prayogi | tataline kodratolah | tan beda sudarma aji ||

151. Mijil saking sananipun | pusuh ngêmpêl rasa jati | sênthète tobat tilawat | lalène lilatul kadri | blungkêre ubêting rasa | likasên tataning ngèlmi ||

152. Winilang rêkangatipun | pêcatan wêkasing ngurip | lamun sampun kakayuhan | tugêlên wangsiling§ Prayoginipun / wangsiting /. ngèlmi | tênunên lawan iktiyar | godhogên ing banyu urip ||

153. Dat mutêlak gêni murub | panase salamêt budi | amobe§ Prayoginipun / umobing /. puji tan samar | yèn wus matêng tekadnèki | êntasên sabar darana | girahên eklasing budi ||

154. Sambutên patitis kalbu | pêrêsên emuting budi | gêpukên laraning badan | ywa pêgat tingalirèki | sêkulana kasing lampah | kang sabar tawêkal alim ||

155. Kang asih marang tutuwuh | takare apite budi | kèrèkên wêlasing raga | ngilangkên susukêrnèki | datan arsa kawoworan | kang ana sariranèki ||

156. Marmane raga pinêsu | nyikati panglusing ngati | angulur ubêding driya | jangkunge tan kêna lali | ingane keblat sakawan | ubênge tan amêkasi ||

157. Sambungên patobatipun | pajalên takdiring Widdhi | amani panatagama | dèn-awas sêlanirèki | yèku ta uwusing lampah | yèn kaliru dèn-nyamani ||

158. Mangsa dadiya tinênun | paguting graita sêpi | suri suruping paningal | incêngên guna nastiti | kêlabên lan panarima | tênunên rêncanging kapti ||

--- 11 : 148 ---

159. Cacake anggêre laku | tampare tan nyipta gingsir | êpore kinarya timbang | apit pangandhêging budi | susumbi êkasing karya | loroge ngapêskên dhiri ||

160. Dèn-rêna satitahipun | lêkas angadan-adani | têropong (n)dhap-asorira | galigèn panjunjung ngèlmi | cêcêlak kang tirta gêsang | walira pamindhah ngèlmi ||

161. Sêntèg têtêp imanipun | gêgodhong darma punapi | pan luwihing bobotira | cacahe pangarah ati | cacinge dadi ilafat | kang tan patut dèn-ulapi ||

162. Nigasi panugêl kawruh | panênuning RaraRasa. Suci | rêncang tan madal-sumbinya | sêntèg pisan anigasi | tanggaptanggal. pisan kapurnaman | parêng bakdaning ngabêkti ||

163. Rêspati anuju Sêptu | ing raina nuju ratri | parawan sunthi anyata | anake wus kèh gumriwis | wuragil pambayunira | kang wuta atuduh margi ||

164. Marga luwih rungsitipun | tan nana pakewuhnèki | lumpuh angidêri jagad | pucuk anèng bongkotnèki | apadhang pêtêng kang marga | margèng swargi narakèki ||

165. Wus dangu antaranipun | akir suwuk ingkang singir | samya amaca sêlawat | Wilapa dènnira linggih | mak barêg tan ngarah-arah | (ng)lungguhi lancaran piring ||

166. Têlu piring ajur mumur | isi surikaya pipis | anglêpèhi tapihira | ginuyu sakèhing mèksi | karingêt kumyus rèwèyan | kètès cangklakanirèki ||

167. Kêmbên kêbês lir wong adus | ngacombang kandhutanèki | ambêgane akêsotan | sarwi akêkêbut jarik | Ki Bayi gumuyu mojar | mêsakkên ipeku iki ||

168. Lah priye mono ta iku | piring pêcah dèn-linggihi | Wilapa lungguh aliyan | tapih kêbês dening pipis | dènnira ngadêg kangèlan | gya mring wisma salin tapih ||

169. Ginuyu mring marunipun | pra santri angaring-aring | samya sambèn nyanyamikan | Cariksutra ngandika ris | lah wus payo yayi Mudha | lêkasa sasingir malih ||

--- 11 : 149 ---

170. Gagêntyan rabinirèku | Sumilir ingkang (n)dhulêngi | Kêmbang Lêmpung bae gampang | kaya sabêne ta bêcik | agupuh ingkang liningan | (n)dan lêkas bawa angêlik ||

171. Lailaha-ilalahu | Mukkhamad Rasullulahi | tinampan ing santri kathah | swara sru kalangkung asri | arêmpêg nora salaya | wus kapintêrane lami ||§ Kirang sawanda, prayoginipun / alami / [sudah betul: 81].

172. Wus bawa sauranipun | Carikmudha dènnya singir | swarane arum arênyah | wilête anyenggol ati | swara lanang mêngkono-a | lir swarane (m)bok Sumilir ||

173. Amêsthi kalangkung ayu | wong wadon kèh angunggahi | aberag Ki Carikmudha | gumuyu sarya turnya ris | dhuh kakang Kae Rundaya | alêrês paduka angling ||

174. Yèn singiran ta puniku | swarane ambêlèr ati | botên ta singir prênèsan | wangsalan crêmêding ringgit | yèn rinaoskên ing driya | ujême marang kajatin ||

175. Raose têka amathuk | Ki Rundaya mèsêm angling | ênggèh yayi Carikmudha | alêrês rêmên dera ngling | kang sagêd nyurupkên basa | singa kinarya upami ||

176. Nging tan kaot wong (m)balilu | liyane wong wus winasis | ngartika sajroning nala | lumrah sakèhing wong urip | gêthing tan kurang panacad | dhêmên tan na kurang asih ||

177. Ing wanci wus lingsir dalu | Ki Cariksutra ngling aris | mring santrinira lilima | lah wus payo Sêtragati | wêtokna kandhurinira | kang samya liningan aglis ||

178. Naoskên ambênganipun | pinètak lan jalu èstri | dinongan Majêmuk nulya | wus dinongan nulya wanting | (n)dan lêkas samya anadhah | kêmbul ngêpungkên kêndhuri ||

179. Antara bukti anutug | nulya aluwaran bukti | cinarikan dinum barkat | wus waradin jalu èstri | dêlah kang janma niningal | dinuman myang rare alit ||

--- 11 : 150 ---

180. Kang nononton bubar mantuk | anyangking barkat kêndhuri | Ki Cariksutra ris mojar | marmanta kakang Kiyai | (m)bok-ayu sasontên mila | dulune tan lêjar kapti ||

181. Punapa kang dados kalbu | pun rayi anuwun dêling | Ki Rundaya aris nabda | o inggih sayêkti yayi | puniku (m)bakyu-andika | brêkate tiyang pawèstri ||

182. Tan sagêd angêmu kalbu | aywa kaduk bela tampi | dene kang dadya woding tyas | parah paran praptèng ngriki | kongsi anjalak paningal | angayam alas wanadri ||

183. Sasat karubuhan gunung | ngulati suta jalwèstri | pambayun Ni Tambangraras | kasèmah Ki Amongragi | kakalih jalu arinya | Jayèngrêsmi Jayèngragi ||

184. Bojone samya nis nusul | Turida lan Rarasati | samya ngikis andon paran | siji tan na awèh uning | wontên sruwanging pawarta | wontên Wanantaka tuwin ||

185. Anèng Ngardipala dhukuh | lagya reyang ruruh iki | lan rêke dèrèng kantênan | ing mangke lamun pinanggih | Malarêsmi saya waspa | myarsa pangandharirèki ||

186. Ki Cariksutra angungun | mulat ring tamu wiyadi | tumungkul nor lungguhira | Rundaya ngandika aris | yayi reyang tuduhêna | prênahe Ngardipalèki ||

187. Lan ing Wanantaka dhukuh | punapi mêksiya têbih | saking ngriki linampahan | Cariksutra turira ris | pan sadintên katanggêlan | rare ngucul kados prapti ||

188. De ing Wanantaka dhukuh | sadintên datan dumugi | de kang dhukuh Ngardipala | pandhita ingkang palinggih | wasta Ki Sèh Malangkarsa | sakawan pamitranèki ||

189. Kawula apan wus wanuh | apênêd rukêtirèki | nanging tan asung pawarta | Malangkarsa dhatêng mami | wikan manawi sadhela | sêrtanta (ng)gyannipun mampir ||

190. Inggih sampun wancak kalbu | kewala ing benjing-enjing | kawula tumuntur lampah | dhatêng Ardipala panggih | kalawan sèh Malangkarsa | lan Carikmudha umiring ||

--- 11 : 151 ---

191. Ki Bayi lingira sokur | maca Alkamdulillahi | yayi yèn parêng ing karsa | sami asêmsèmèk guling | puniki (n)dungkap agagad | kaluruk têlu kang wanci ||

192. Ing mangke bakdanya Subuh | reyang umangkat lumaris | kang rayi sumanggèng karsa | anuduh rabinirèki | kinèn anata palêswan | klasa lus singkêp lan lêmpir ||

193. Rundaya karsa ring tajug | pan santri ingkang angrukti | nênggih pasareyanira | samana wus samya guling | Carikmudha tan mantuka | anèng lèr kewala guling ||

194. Wanci pajar wêktu Subuh | kang nendra wus samya tangi | Carikmudha Cariksutra | samya salat maring masjid | lan para rubiyahira | Ki Rundaya angimami ||

195. Wus antara dènnya wêktu | paragat pujian dhikir | salawat asasalaman | Cariksutra kon ing rabi | padha ngruktiya sèmèkan | lan sangu lungan ing margi ||

196. Ki Bayi alon mawuwus§ Prayoginipun / amuwus /. | ywa susah sasaji bukti | pan misih krasa kawratan | tuwuk anadhah kêndhuri | kewala ngong papamitan | marang para ipe-mami ||

197. Wus padha andum rahayu | reyang amadal palinggih | Ki Cariksutra lingira | marang pra rubiyahnèki | lah padha sira nêmbaha | marang kakangira sami ||

198. Sakadar marang (m)bakyumu | sabisanta anyangoni | gya sadaya pra rubiyah | ngabêkti mring Rundayèki | gantya-gantya miwah marang | Malarêsmi salamnèki ||

199. Sadaya samya sung sangu | mênyan lênga sundhul-langit | arta tuwin sininjongan | kang sung bobok parêmnèki | wus warata pra rubiyah | anyanyangoni pribadi ||

200. Sarta jumurung ing laku | wus sami andum basuki | pan umangkat saking langgar | Arundaya Malarêsmi | Cariksutra Carikmudha | andudukwuluh umiring ||