Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 11 : 152 ---

666. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Yata wau Arundaya lampahipun | lan kang garwa Malarêsmi | Cariksutra datan kantun | Carikmudha santri kalih | Sêtradrêma Sêtralewo ||

2. Kang sawiji nèng ngarsa tuduh dêlanggung | kang sawiji anèng wuri | binêkta pasangonipun | saparan pan anèng margi | bucu dhadharan ginendhong ||

3. Mijil sawijining padhadhahanipun | namak§ Prayoginipun / napak /. pasabinanèki | nut tikung galênganipun | têgal paganganpagagan. palêstrin | nabrang kali angêlorog ||

4. Rêpêt lêmah saput karêmênganipun | ngampak-ampak anyingloni | marma talêre kang ênu | umyang ring-ringingan enjing | mrak nguwuh ngakak nyangungong ||

5. Pênthèt dhècu cingcing-goling myang darigul | manyar branjangan ngêjèri | asri srigunting cumiyun | tuhu gantêran myang kolik | cangak êngkak bango-thonthong ||

6. Akrah-krahan graèkan kalong gumandhul | ngêbêki wrêksa mênuhi | sumirat Hyang Arunèsuk | angujwalani sakalir | pêdhut karut anaronthong ||

7. Pan wus anglintangi pasabinanipun | nampak bubulak anglangit | wana trataban garumbul | tibak tinugar ginagi | parumbutan bondhot-bondhot ||

8. Malbèng kêtêp ing wana pagrênganipun | kapya§ Prayoginipun / kaywa /. gêng linot walulin | tungku jênu gandhêl gandhu | kêmarungan butrawali | (m)bulêt mulêt angêrongkop ||

9. Anampêki jwalaning surya anrawung | dene ron kêpung ngêbêki | ningupi edhum aseyup | baskara tan mastarani | ayêming lampah arèndhon ||

10. Cariksutra tansèng pungkur lon umatur | won kèndêl kakang Kiyai | mênggah apêngal puniku | punêndi kang dados misil | ingkang cancingan linakon ||

--- 11 : 153 ---

11. Rundaya ngling anolih sarwi lumaku | mungguh bab apêngal yayi | pingil jamangi puniku | kasugiyaning Hyang Widdhi | apantês kêna rinêngkoh ||

12. Agagampang§ Prayoginipun / Anggagampang /. ingkang dede mukrimipun | liripun punika yayi | mungguh kusuke ing ngèlmu | sababe wus amalêri | sakèh mukmin lanang wadon ||

13. Ingkang sami pinaring ganjaranipun | dening Hyang Kang Maha Sukci | kang dhingin ganjaran ngèlmu | kang ahli tumêkèng ngalim | puniku sihing Hyang Manon ||

14. Kaping kalih tapa tawêkaling kalbu | cêgah saking sandhang bukti | tan ayun krana dunyèku | kang têkèng panrimanèki | sokur datan mumah-mumoh ||

15. Kaping têlu guna kabisan puniku | ingkang undhagi astèki | kang têkèng rêspatènipun | rèrèn sabarang kinardi | angrêrêmit saya gawok ||

16. Kaping catur olah bandha brana agung | asimpên sakalir-kalir | kasêngsêm barana agung | kang têkèng gêmi nastiti | mêpêki barang parabot ||

17. Datan pae patang prakara puniku | pan tunggal idayatnèki | ganjaran tan kêna carub | yèn wus baginya pribadi | wahyu tan kêna binorong ||

18. Nênggih kang wus karêm ing ganjaranipun | miskin dunya guna ngèlmi | kang wus ginanjar ring ngèlmu | miskin dunya guna tampi | kang wus ginandjarginanjar. guna-ndon ||

19. Miskin dunya tapa ngèlmu tan tinuhu | kang wus ginanjar dunyèki | miskin dunya tapa ngèlmu | ingkang wus ngumum kadyèki | tan kêna kabèh ginayoh ||

20. (ng)Gayuh têlu loro kewala tan sinung | rangkêp kasugiyanèki | mung salah sawijinipun | lèh kasugiyaning Widdhi |§ Kirang sawanda, prayoginipun / Hyang Widdhi / [sudah betul: 81]. mokal lamun tan mêngkono ||

--- 11 : 154 ---

21. Kèh-kèhing kawulaning Allah Puniku | kang rangkêp ganjaranèki | dhasar atapa angilmu | sarta aguna tur sugih | kang puniku tan sabên wong ||

22. Sarwa sinung ing ganjaran kang kadyèku | Cariksutra turira ris | mênggah basa kang puniku | lah kakang punapa inggih | tiyang sugih dènnya bodho ||

23. Tanpa ngèlmi tanpa tapa myang gunèku | ngèlmu puniku kang pundi | Ki Arundaya amuwus | kang ngèlmu puniku yayi | kang ahli alim waspaos ||

24. Kang sinungku dalil akerat linuhung | lantar saking tapa ngèlmi | oliya Allah linuhung | akirig ahli donyèki | yèku sayêkti wali has ||

25. De kang ahli kadunyan guna puniku | panjênêngan narapati | ngratoni guna sawêgung | dadi wajibing narpati | wus tan kêna sêdya repot ||

26. Wus binagi waliyollah lawan ratu | dalil dunya lawan akir | kita puniku pan anut | imam ratu lawan wali | wus bagi dhewe tan awor ||

27. Marma yayi Cariksutra wong puniku | kêdah anitik kang budi | punapa karêming kalbu | anut satitahing ati | rêke puniku tinuhon ||

28. Amimilih budi marganing rahayu | yèn karême tapa ngèlmi | mrih mulyèng akeratipun | yèn tyas mrih arta gunèki | mrih mulya dunya karaton ||

29. Ahli dunya puniku pan bawah ratu | ahli tapa ngèlmu nênggih | bawah pandhita linuhung | marma winawas kang budi | pundi raose kang manggon ||

30. Cariksutra trang tyas myarsa wuwusipun | nging durung manggon tyasnèki | mungguh titiking tyasipun | sasruwangan tanggapnèki | rinaos-raos ing batos ||

31. Yata wau wus lêpas ing lampahipun | lingsir wanci pidak kalih | non jurang angêmbêng ranu | araryan soring trêngguli | tumawing ing jurang ajro ||

--- 11 : 155 ---

32. Samya lungguh anèng sela kumlasa lus | lukar jubah angin-angin | sakenjing dènnya lumaku | rapuhing suku lumaris | Ki Cariksutra agupoh ||

33. Nuding santrinira ro kinon mangayun | naoskên sasangunèki | bubucu nyamikanipun | kinroso ing janur kuning | Cariksutra turira lon ||

34. Lah suwawi kakang Rundaya puniku | sasangu pênêd binukti | miwah nyanyamikanipun | tumulya sami binukti | akêmbul nadhah aroyom ||

35. Wus antara kang samya bukti anutug | Ki Sêtralewo agupih | naoskên toya ing kêskul | luwaran kang samya bukti | lorodan pinangan wong ro ||

36. Wus anggape mangsêgan nyamikanipun | cinarik sinungkên santri | nulya samya mèt toyastu | mring jurang kang ngêmu warih | sami salat wêktu Lohor ||

37. Bakda salat (n)dan umangkat lampahipun | angayamalas wanadri | anêtêr minggah tumurun | kadhang mranggul wong lumaris | jaranan sapèn momot wos ||

38. Kèh kang winot ing pangupajiwanipun | kadhang kapêthukan santri | Rundaya wèh salam sagung | santri wênèh (ng)graitani | jêg dudu kaya ya tumon ||

39. Kur-ungkuran samya laju lampahipun | rarasan sakèhing santri | kae mau kang lumaku | kaya ya Kiyai Bayi | Panurta lawan kang wadon ||

40. Kang nauri lah mendahane satuhu | Ki Guru Wanamartèki | lumaku anèng wana gung | muktine sasat bupati | mangsa ta nandhanga repot ||

41. Tan wus kang sami rarasan nèng dêlanggung | yata kang sami lumaris | napis panggrênging wana gung | nampak babakan wanadri | pagrumbulan wana bendhot ||

42. Tarataban pakêtêban glagah rayung | têbakan tinalun gagi | katugar kang wis tinunu | miminta kang wana-kaki | winijèn tilas tinunon ||

--- 11 : 156 ---

43. Sangsaya gêng kang marga myang jalma laku | êlur lampah agagrami | têtêmpuran (n)jog marga gung | akathah puruging margi | kang ngulon ngetan angalor ||

44. Cariksutra ngling marang Arundayèku | punika mangke ing ngarsi | yèn wus (ng)lintangi garumbul | têlas rumbuting wanadri | paglagahan rayung glonggong ||

45. Manggih dhukuh-dhukuh kiwa têngênipun | inggih ing Ngardipalèki | kewala mangkya andulu | wiyar pasabinanèki | dhikil kaêbêkan dhukoh ||

46. Wontên parèrènan têpining marga gung | kalangkung dening miranti | jalwèstri samya mamarung | wrêksa gêng-agêng ngaubi | sêndhang gêng toyanya nyarong ||

47. Kathah kêdhik janma kang samya lêlaku | pan saking ing pundi-pundi | kêdah yun kèndêl ing ngriku | sawab wontên sarwi-sarwi | ayêm arèrèn karaos ||

48. Inggih Kae Malangkarsa karsanipun | marma kalok ing ngatêbih | Malangkarsa (m)bêg budyayu | mrih suka kang angrèrèni | manggih we mulat wong dodol ||

49. Kae Arundaya myarsa manthuk-manthuk | angling Alkamdulillahi | ing wanci wus rare ucul | tatas ing wana Paminggir | nulya mulat dhukoh-dhukoh ||

50. Talun têgal pagagan asri dinulu | tuwin pasabinanèki | tan na lêbar mangsanipun | gadhu pangolahing sabin | kiriyan toya sumorot ||

51. Pan katingal dhukuh Ngardipala munggul | kang kitri tiris awilis | ardya lit kèbêkan dhukuh | dadya papaèsing dhingkil | kubuk kinubêng wana grong ||

52. Langkung dening berawa lêlangitipun | gêmah harjaning desèki | tulus kang sarwa tinandur | saluwak Ardipalèki | Rundaya karênan tumon ||

53. Bobote desa têngahing wana gung |Kurang satu suku kata: Bobote desa satêngahing wana gung. pajiwaning wong pakolih | tan angèl pakaryanipun | wau kang lumampah prapti | ing sêndhang Bêlara ayom ||

--- 11 : 157 ---

54. Apêpanthan kang samya raryan ing ngriku | kang mangkat kang lagya prapti | kang jênêk tan arsa laju | kang lagi jajan abukti | Kae Rundaya duk anon ||

55. Ingkang sêndhang Balara kèh janma adus | tuwa nom myang rare alit | langên ciciblon gumuruh | wong dhukuh ing kanan-kering | samya dus sêndhang pangangson ||

56. Langkung suka karênan dènnya andulu | miyarsa prêkutut muni | loro sauran cumêngklung | hur-kung gêng langkung abêning | kang sawiji anêropong ||

57. Mencok ing pang karasula têmbing kidul | sawiji nèng wit katangi | (ng)guntang lir kênong lan kêmpul | batêkan dènnira muni | tan na kêndhak samya bocor ||

58. Arundaya myarsa prêkutut kang manggung | karaos ing putra kalih | Jèngrêsmi Jayèngragèku | sêngsêmannira ing pêksi | prêkutut gêng ingkang bocor ||

59. Gagasing tyas kadya ge-ageya pangguh | wus parêk sasananèki | apan anèng wismanipun | Kae Sèh Malangkarsèki | marma tumuliya panggoh ||

60. Wusnya rêrêm dènnya araryan ing ngriku | Cariksutra turira ris | inggih punika kang dhukuh | Ngardipala wismanèki | Malangkarsa pandhita nom ||

61. Pênêtipun kakang awêktu rumuhun | yèn sampun bakda Ngasar-i | minggah marang dhukuh Punthuk | Rundaya saurira ris | inggih prayogi riningong ||

62. Nulya samya mring sêndhang mèt toya wulu | asalat Ngasar pra sami | nèng sela kumlasa alus | soring rêjasa ngayomi | wong lilima kanêm wadon ||

63. Têkèng tahyat akir bakda salatipun | paragat kang puji dhikir | andonga Salaman wau | samya mucang sadayèki | Cariksutra turira lon ||

64. Lah suwawi kakang Rundaya lumaju | lamun wontên ing wismèki | Ki Malangkarsa puniku | yèn tan kêkesahan têbih | langkung bêgjane kemawon ||

--- 11 : 158 ---

65. Kae Bayi Panurta anrah ing kayun | (n)dan samya minggah ing wukir | wukir kinubêng ing dhukuh | satundha atêpung parik | pan undhakan sapêngisor ||

66. Beda-beda pakitrèn sabanjêngipun | rakiting wisma pinarik | Rundaya satundha mangu | mulat asrine desèki | tyasira lir pêksi kuwong ||

667. Dhandhanggula

1. Yata wau kang anèng wismèki | nênggih sira Kae Malangkarsa | lênggah anèng paningrate | lawan rubiyahipun | Malangrêsmi sarya sasaji | wedang lalabanira | mamanisanipun | myang manisan juwadahan | lan wowohan simpar gumantung kang manis | asri munggèng lancaran ||

2. Kae Malangkarsa ngandika ris | mring kang garwa paran wahananya | wong mulat§ Prayoginipun / ngong-mulat /. kukupu cindhe | sajodho tinut-pungkur | kupu lêmah papat tut-wuri | sakesuk anèng latar | (ng)ko iki lumêbu | anèng sajroning paningrat | apa ana kirane dhayoh kang prapti | paran adoh parêka ||

3. Ni Malangrêsmi matur ring laki | lah punapa inggih sayêktinya | kukupu pan wus sabêne | sasaba anèng ngriku | bolah kados parênjak muni | wangsite ginraita | kadhatêngan tamu | Ki Malangkarsa ris nabda | iya sabab dingarèn kukupu iki | kaya asung sasmita ||

4. Iya mêngko karuhane dhingin | titane yèn wus suruping Arka | ana kalawan orane | antara dangunipun | Basariman prapta ing ngarsi | matur wontên dhatêngan | ing (n)jawining pintu | ramanta Ki Cariksutra | Carikmudha lan rencang sakawan èstri | pan arsa papanggiya ||

--- 11 : 159 ---

5. Mèsêm angling Ki Malangkarsèki | lah ta§ Prayoginipun / pa /. goroh mono ujaringwang | yèn ana dhayoh marang-ke | gêlarana dèn-gupuh | klasa alus lawan tap sirih | lan rakita sunggata | sathithik kang mungguh | kang garwa liningan mentar | angling marang Basariman lah dèn-aglis | turana kang dhatêngan ||

6. Ki Pangulu Basariman gipih | angaturi mring kang sêdya prapta | Ki Cariksutra wuwuse | kakang Arundayèku | lah kantuna ngriki rumiyin | kawula yun panggiya | rumuhun lumêbu | Ki Arundaya lingira | ênggèh yayi para lumêbuwa dhingin | rèyang kantun nèng lawang ||

7. Cariksutra kèrit lampahnèki | praptèng natar anguluki salam | gupuh nauri salame | sarwi ngudhuni lungguh | rahab sasalaman aganti | gya ingancaran lênggah | sinambramèng wuwus | winangsulan karaharjan | lah ta anak Malangkarsa rèyang ngriki | praptèng ngong Ngardipala ||

8. Reyang katamuwan duk ing wingi | mitra reyang duk misih jajakan | Bagus Rundaya wastane | lami datan kapangguh | mangka mangke prapta ring kami | angruruh sutanira | jalwèstri anglangut | samya nis tanpa tuduhan | kapiyandêl kongsi praptèng Gunungsari | lawan rubiyahira ||

9. Saking Wanamarta langkung têbih | sasaring lampah mring wisma rèyang | tutur yèn ilang sutane | katri lan mantunipun | warti anèng Ngardipalèki | kakalih wastanira | Jayèngrêsmi nêngguh | kang nèm wasta Jayèngraga | ing samangke bapakne prapta ngulati | reyang anguntap lampah ||

10. Punika maksih wontên ing kori | kêdah yun apanggih lan andika | Sèk Malangkarsa wuwuse | inggih kalangkung sukur | wit kawula dèrèng udani | lan kang paduka pajar | angupaya sunu | anêrka nèng Ngardipala | lamun sagêd amba ingkang amangsuli | atur marang kang tanya ||

--- 11 : 160 ---

11. Cariksutra angandika maring | Carikmudha lah sira turana | kakang Arundaya age | ingkang liningan gupuh | Carikmudha pangguh ngling aris | wawi kakang katuran | mring kang darbe dhukuh | Ki Arundaya agêpah | sarwi angling lah ênggèh rika rumiyin | reyang nèng wurinira ||

12. Nulya kèrit Ki Rundaya iki | lan kang garwa Malarêsmi sigra | praptèng madyaning natare | auluk salamipun | kang alungguh gupuh ngudhuni | rahab asasalaman | ingancaran lungguh | nambrama atur waluya | winangsulan karaharjaning papanggih | myang nambramèng rubiyah ||

13. Angling maring ing pawongirèstri | age timbalana nyainira | kang kinèn sigra abure | tan dangu praptèng ngayun | Malangrêsmi anjatmikani | Malangkarsa ngandika | nêmbaha sirèku | mring paman wong tuwanira | katri pisan miwah mring ibunta yayi | gupuh ingkang liningan ||

14. Lagya manêmbah katrinirèki | atur salam pangabêktinira | miwah lan ibu tan pae | atur pambagyanipun | winangsulan sabda basuki | Sèk Malang malih nabda | marang santrinipun | lah sira Ki Basariman | timbalana Pariminta Amongsari | Sèk Modang Trêsnaraga ||

15. Kang liningan sigra animbali | marang pawongmitranya sakawan | samya prapta tan asuwe | têpung lungguh ing ngayun | wus winartan sulanging tami | sigra samya sung salam | lan pambagyanipun | wusira atata lênggah | Malangkarsa aris dènnya ngancarani | adhahar nyanyamikan ||

16. Sami anggape sasênêngnèki | kur kewala angenaki sarak | tan aprêlu pangalape | wusnya nginang audud | Malangkarsa turira aris | marang Bayi Panurta | kawula umatur | punapa inggih paduka | Kae Arundaya Bayi Panurtèki | ing dhukuh Wanamarta ||

17. Anauri aris Kyai Bayi | inggih rèyang jêbèng kang dikojar | sujanma sudra kulane | nglampahi kawlasayun | saking dene kalungsèn budi | bunar parah ing paran | anandhang dosa gung | Malangkarsa ngungsêt tanya | inggih jêbèng sokur Alkamdulillahi | wala-wala kuwata ||

--- 11 : 161 ---

18. Wau sira Nikèn Malarêsmi | nangis sênggrak-sênggruk nèng wurinya | tan sagêd nambak trêsnane | ririh sambat mlasayun | katuwone karo sirèki | sun ruruh kadhungsangan | sru brangta anglangut | anusup angayam-alas | sun nut-wuri kalawan ramanirèki | sun sidhêp katêmuwa ||

19. Tan awêlas marang ingsun kaki | kadhêmpalan pan karaya-raya | ngong ruruh ing saparanne | wasana tan kapangguh | bisa gawe rasaning ngati | kulup sun milwèng sira | nora bisa kantun | maring ing lak-lakan naga | ngêndi (ng)gènnya Jayèngraga Jayèngrêsmi | myang Nikèn Tambangraras ||

20. Malangkarsa angrês tyasirèki | myarsa kang ibu maca udrasa | tansah asabil nalane | sakèhe kang andulu | Pariminta lan Amongsari | Sèk Modang Trêsnaraga | samya wlas angungun | atêpa-têpa sarira | pan rumangsa tan pae umapanèki | asih marang ing suta ||

21. Sadayanira milya akingkin | samya ngungun tan nana wacana | angêmu luh locanane | tan tara dangunipun | Cariksutra lingira aris | ênggèh ta lah ing titah | ngaurip puniku | mungguh kawulaning Allah | pan wus lumrah ing kathah asih ing siwi | sinawitan wong tuwa ||

22. Malangkarsa anauri aris | inggih alêrês sabda paduka | mênggah ing ngèlmi Kadise | untunging sihing kalbu | pan punika tigang prakawis | gêng-agênging sihing tyas | kang rumiyin sunu | ping kalih dunya barana | kaping tiga bojo kang puniku sami | sami gantilan manah ||

23. Jalma tidha-tidha kirang budi | kang kecalan tigang prakaranya | inggih salah sawijine | ingkang kelangan sunu | lawan ingkang kelangan rabi | miwah kelangan dunya | sami awratipun | angalindhihakên manah | kathah ingkang linglung sasat tanpa budi | angewahakên adat ||

24. Pan kasêbut janma edan brangti | brangti maring dunya garwa putra | tri kanthilaning atine | winulangun ing kalbu | tan lyan saking punika katri | marma para ngulama | kang wus man ing

--- 11 : 162 ---

ngèlmu | anrapkên têguhing driya | tinawêkalakên panrimanèki |§ Kirang sawanda, prayoginipun / panarimanèki /. lamun cobaning Suksma ||

25. Cariksutra mèsêm anauri | inggih rêke sayêkti kadyè ka | tan inangsa lir yêktine | Rundaya tyasira wus | lêjar myarsa sojarirèki | ing nala ngalêmbana | mring Malangkarsèku | yata wanci suryancala | Malangkarsa ngancarani maring masjid | samya awêktu salat ||

26. Miwah para santri jalu èstri | samya salat Mahrib sadayanya | Rundaya dadya imame | ilhar wawacanipun | mukaranahira atrêtip | antara tahyat salam | bakda Mahribipun | arahab puji-pujiyan | lagon dhikir andonga sukur ing Widdhi | myang sunat Wabin purna ||

27. Manjing waktu salat Ngisanèki | wusnya adan nulya kinamadan | Kae Arundaya maksèh | ngimami anèng ngayun | cukup tumaninahe têrtip | (n)dungkap catur rêkangat | tahyat akiripun | nulya salat bakda Ngisa | wus paragat saliring kang puji dhikir | salawat sêsalaman ||

28. Wusnya purna sunatira Witir | mansèhakên tapakuring Suksma | suhul jununira tanjèh | samya asujud takrub | minta pangapuraning Widdhi | tangi ing§ Prayoginipun / sing /. pasujudan | paragat purna wus | mudhun pra santri kang salat | Kae Malangkarsa nulya ngancarani | ing tamu maring wisma ||

29. Nulya samya kundur ngancarani | wus rinukti gêgêlaranira | prapta tata palungguhe | sasaji wus nèng ngayun | pra rubiyah ambambantoni | nyamikan lah-olahan | myang woh-wohanipun | Malangkarsa anêmbrama | marang tamu kang punika (m)bok suwawi | andhahar nyanyamikan ||

30. Sawontênipun wontên ing wukir | samya nauri mangsa wigiha | ngalap sih pasugatane | nulya samya tinanduk | nyamikane sasênêngnèki | Malangkarsa ris nabda | mring rubiyahipun | paran

--- 11 : 163 ---

wus gantya lah-olah | garwa matur inggih sampun kula rukti | pintên banggi prayoga ||

31. Lah wus payo saosên nèng ngarsi | nulya pra rubiyah sadayanya | nampa dhulang rampadane | myang pakobokanipun | kêndhi cêcêp pratola langking | ambêng panjang-giri bang | bubucu gêng munggul | lalawuhan warna-warna | sabab pra rubiyahing Sèk ambantoni | sêkul ulam dhaharan ||

32. Wusnya tinata rampadanèki | Malangkarsa ngancarani nadhah | sumangga turuh wantinge | Ki BayyaBayi. ngling Alkamdu | mantu reyang sadaya sami | pênêt akêkêmbulan | wasisaning ngriku | sami krana Lah sadaya | Malangkarsa angandika mring parèstri | kinèn sami anadhah ||

33. Kang liningan tan lêngganèng kapti | samya kêmbul anadhah lan priya | pikantuk rèhning katêmbèn | datan salamipun |Kurang satu suku kata: datan salaminipun. nacahnadhah. kêmbul lan priya sami | Malarsih dènnya nadhah | tan pati pikantuk | anggung kèngêtan ing putra | lamun nadhah royom lan kulawangsèki | anèng ing Wanamarta ||

34. Dadya ngonjot-onjot dènnya bukti | malah ngêmu waspa locananya | Kae Rundaya tan pae | katarèng ngêmu wuyung | kêpêl ngantu-antu binukti | miwah sadayanira | nadhah ukur-ukur | Carikmudha Cariksutra | Pariminta Sèk Modang Sèk Amongsari | Kae Sèk Trêsnaraga ||

35. Wus watake tan pati mangani | lantih puwasa sadina-dina | Malangkarsa panadhahe | angecani ing tamu | ngaya-aya dènnira bukti | tur alit kêpêlira | sêmada mring muluk | tan kaya para wadonan | dhokoh-dhokoh nutugi dènnira bukti | mratani lalawuhan ||

36. Malangkarsa pêksane ngenaki | maring kathah among ing tamunya | rèhning rumangsa nom dhewe | pra mitra ngling ing kalbu | dingarène Malangkarsèki | rosa têmên anadhah | krowake kang sêkul | kalong satigan kambangan | salawase durung sêmono kèh bukti | rèh among tamunira ||

--- 11 : 164 ---

37. Wus antara nutug dènnya bukti | ambêng rampadan gya cinarikan | mring ngulangan pawongane | myang Basariman kaum | bikut dènnya ngundurkên piring | wus linorod sadaya | ingundurkên pungkur | sinungkên pamburinira | ingingonan sakèhing santrinirèki | tan nana kaliwatan ||

38. Nyanyamikan kang pinire sami | para rubiyah sadayanira | ngajokkên dhaharan malèh | Malangkarsa tan muwus | kakadukên§ Prayoginipun / kaladukên /. dènnira bukti | tigipar§ Prayoginipun / istigpar /. jroning nala | minta apura gung | amicara jroning nala | nutuh jiwa ya pagene sira ati | angumbar hawa murka ||

39. Têmah agawe lara wak-mami | bukti kalal têmah dadi karam | dening datan tuminahe | ngangsa-angsa amumuh | anggêrangsang murka ing bukti | ya iki rasakêna | lara kênèng bêndu | Malangrêsmi wruhing priya | lamun kaduk kêmlakarênkêmlêkarên. dènnya bukti | alon lèngsèr sing ngarsa ||

40. Praptèng wisma nuduh pawongnèki | dhangkèl pohung kinèn ambênêm-a | lan tempe mêntah dèn-age | ingkang liningan gupuh | naoskên tempe ing piring |Kurang satu suku kata: naosakên tempe ing piring. matur wus anèng ngarsa | gêmblong tela pohung | myang pohung kadi pun-uran | Malangrêsmi gya wangsul marang ing ngarsi | naoskên tempe mêntah ||

41. Lawan mundhu gêmblong pohung piring | ingaturkên maring lakinira | nulya dhinahar tempene | miwah gêmblonge pohung | sarwa pohung sami nyakêdhik | lêjar tan kumalakar | sêdhêng dènnya tuwuk | matur nyarakkên nyamikan | Cariksutra mèsêm alon dènnira ngling | Ki Jêbèng Malangkarsa ||

42. Sêmune mèh dèn-irus-irusi | kaya katêmbèn lèh nadhah kathah | de ukur kalong sapungge | krowake sêkulipun | kongsi bêngkêng tan bisa osik | jawane wong mono ta | salêgutanipun | yèn wus lêguta alapa | nora kêna kaluwiyan bukti thithik | amêlarati badan ||

--- 11 : 165 ---

43. Yèn wus lêguta andrêmba bukti | nora kêna kurang dènnya mangan | tan kuwat sabarang gawe | wus palaling Hyang Agung | bêtah luwe lan bêtah bukti | wus bagine priyangga | Malangkarsa matur | kados yèn kadya punika | nging kawula sawêg kaecanan bukti | kakêmbulan akathah ||

44. Sabênipun tan eca abukti | Ki Cariksutra saya gumuywa | ya ta-lah suta-ngong jêbèng | lêrês ujar-puniku | botên eca pisan duk wingi | wingi tan nadhah kathah | wus salaminipun | dhasar tan watak anadhah | Malangkarsa tumungkul tan rênèng kapti | ginunggung padha ana ||

45. Sinamur-samur dènnira angling | matur marang Kae Arundaya | paman kula yun atakèn | Wanamarta puniku | inggih pintên cacah kang sabin | wartine langkung gêmah | gêng garumbulipun | Jumngahe nora muadah | lalampahan pintên dintên saking ngriki | pundi tanah ing kitha ||

46. Arundaya anauri aris | jêbèng tatanya mara§ Prayoginipun / tatanya-para /. ring rèyang | ênggèh amung karang-kopèk | tan wontên cacahipun | mung sakukus grumbul ing nguni | pradikan Wirasaba | duking êmbah buyut | tumêrah tumêka ring wang | kinèn têngga apan tilasan ing nguni | pan ing Têgal-pucangan ||

47. Gotèkipun tilas kang (n)darbèni | pandhita rara kala Narendra | Prabu Cintakapurane | pan pangasramanipun | anèng Têgal-pucangan nênggih | eyang ryang dhêdhêkah |Kurang satu suku kata: eyang rèyang dhêdhêkah. nèng Wanamartèku | pan kinarya pamutiyan | marang ing Sang Dipati Wirasabèki | lêstari dêlah mangkya ||

48. Yèn kaetang lir cacah nagari | inggih kathah lamun winatara | kawandasa kukus kèhe | kajawi krajanipun | Wanamarta kang rèyang (ng)gènni | kados wontên sadaya | gawene wong satus | rêbat langkung kathahira | têbihipun saking ngriki gangsal ari | lumampah ecan-ecan ||

49. Samya ngungun ngalêmbanèng kapti | myarsa gêmah harjaning adesa | desa Ngluwihi gêmahe | Ke Malangkarsa matur |

--- 11 : 166 ---

ngancarakên nyamikannèki | nulya samya angalap | ing sasênêngipun | Ki Bayi alon wacana | jêbèng rèyang riki lah kadipunêndi | (ng)gyan rèyang sun panggiya ||

50. Lan arinta kalih ingkang ningit | rèyang rêke ayun sumusula | lawan ibunta tan pae | tumuntur maring gunung | pan sadaya-daya apanggih | mring rinta Jayasmara | myang Jayèngragèki | pinajar nèng Ngargasalah | Kae Malangkarsa aturira aris | lamun parêng paduka ||§ Prayoginipun / kapanggil / [tidak ditemukan tanda catatan kaki asli dalam teks pada halaman ini].

51. Mugi paman kèndêla nèng ngriki | aywa kongsi minggah maring Arga | -salah pakèwêt margine | lan nuju mangsa jawuh | datan kengang sinabèng janmi | akathah pangkalannya | kalangkung pakewuh | paman wus sêpuh mring ngarga | langkung sangêt ing lampah amutawatir | kewala benjang-enjang ||

52. Kawula nuduh mitra kakalih | kakang Trêsnaraga lan Sèk Modang | ngaturi sutanta mangke | lamun paduka rawuh | lawan ibu langkung mlasasih | wikan karsa botêna | ing kantênanipun | lamun tan arsa panggiya | kang punika sumangga karsanta mangkin | laju lawan mantuka ||

53. Sadayanya sami dènnira ngling | marma maring Ki Bayi Panurta | dènnyarsa sumusul rêke | marang ing sutanipun | Arundaya rêrêm tyasnèki | angarah ing ngakathah | ngantya kang tinuduh | Cariksutra lon lingira | jêbèng Malangkarsa ngong tatanya yêkti | masalahing ngagêsang ||

54. Ugêring ngèlmi kawan prakawis | pundi ugêring ngèlmi Sarengat | lawan Tarekat ugêre | Kakekat ugêripun | lan Makripat ugêrirèki | Malangkarsa ris nabda | basa kang puniku | ugêre ngèlmi Sarengat | apan tri prakawis puniku Kiyai | kandu-takrul§ Prayoginipun / kasdu /. takyinnya ||

55. Kasdu niyat takrul angyêktèni | takyin anêkani ing ngibadah | kang kalawan sah Dalile | ugêre Trèkatipun | apan inggih tigang prakawis | kang dhihin suci badan | kaping kalihipun | asuci kalawan lesan | kaping tiga asuci kalawan ati | liripun suci badan ||

--- 11 : 167 ---

56. Angibadah sujud rukuk nênggih | nganggo tan tiru panganggo kopar | punapa Islam manggonne | suci lesan puniku | ngapilakên ing Dalil Kadis | titising kir'atira | têkèng maknanipun | cêgah micara lalahan | yèn tan lawan tanasubi Dalil Kadis | de kang sucining manah ||

57. Lawan mukaranantu anênggih | ngudanèni sakêdaling lesan | tumanêm anèng kalbune | dalil Kur'an kang agung | datan ninang tanggaping ati | de ugêring Kakekat | tri prakawisipun | Iman Tokit Mangaripat | liring Iman pangèstu êkasing budi | linuhung tan nêdya wah ||

58. Lirnya Tokit tawajuh ing kalbi | lawan tawakal ing makalira | ingabeda kasidane | Mangaripat liripun | wus tan nana liyan kaèksi | maujud maring Suksma | kak kanyatanipun | tak kêsêlan ing pipindhan | tuhu-tuhu wus datan ngalap upami | myang srama ing sasama ||

59. Ugêripun Makripat puniki | inggih tigang prakawis lirira | sokur suka rila rêke | sokur maring ing ngèlmi | tan asêdya maoni uni | papêsthèning atitah | lan pribadinipun | pakarya pan wus kinarya | ing dhèwèke sarupa lawan pribadi | rupa-rupaning ana ||

60. Lwirnya suka wasana nur-kadim | wênang sipat wujuding Pangeran | kodrat lawan kadirane | anging datan sakuthu | anyakuthu lawan pribadi | tan kêna kinaya-pa | ing nalikanipun | lwiripun rila punika | datan singgan-singgun sakèhing dumadi | muhung suhuding Suksma ||

61. Kasuciyan ganal maring latip | awit saking ora maring ana | saking ana mring orane | anane tan kadulu | oranira anggung kaèksi | tan jamak lan kasamak | pamardikanipun | priyangga rêke kewala | bangsa mukit mutakit ghosul ngalami | wus saotat nujêmba ||

62. Kang samantên punika Kiyai | ararasan ingkang ngèlmu rasa | anglir pendah upamine | kèn andhèndhèng ulam luh | tuwas amis datan (n)darbèni | beda lan kang ginadhang | darbe ulamipun | angolah tuwuk tinêdha | Cariksutra gumuyu miyarsa angling | ngira Sèk Malangkarsa ||

--- 11 : 168 ---

63. Anak jêbèng yèn amumuradi | lir uyah tiba ing toya jangan | warata padha asine | anggathok raosipun | pamitranya§ Prayoginipun / pra mitranya /. padha ngèsêmi | Sèk Modang nambung sabda | inggih bêjanipun | kang tanggap raosing nala | sayêktinya idayat kang andhatêngi | mring badhe kang nugraha ||

64. Arundaya lintang sokurnèki | myarsa lingira Sèk Malangkarsa | èsmu kanoran driyane | rumangsa datan cukup | tatanggape murading ngèlmi | ciptaning tyas tan beda | lan kang putra mantu | Kae Sèh Adi Mongraga | dadya kumat nor marang Malangkarsèki | sujanma paripurna ||

65. Kae Rundaya alon dènnya ngling | Kae Jêbèng benjang yèn anduta | anak-kula pamitrane | lamun datan kapangguh | lan arinta Ki Jayèngrêsmi | kalawan Jayèngraga | rèyang karsa laju | marang dhukuh Wanantaka | mugi jêbèng andongakna apapanggih | rèyang lan Amongraga ||

66. Panggiya saking salah satunggil | wontên kang rèyang karya lar-ular | yèn sagêd sadaya panggèh | saking pandonganipun | Kae jêbèng Malangkarsèki | lamun ta kalajênga | tan sagêd kapangguh | lan rinta salah satunggal | baya wuwuh jêbèng raosing kang ati | kapanjang nandhang branta ||

67. Kadi-punêndi rèyang puniki | winantu-wantuwa ing sangsara | lan bibinta gung wirange | tuwa-tuwa bot wuyung | tan kawawa rèyang nadhahi | rumangsa apês ngaral | amanggih papa gung | bênduning sira Pangeran | pinisahkên lan suta rèyang jalwèstri | suka matiyèng paran ||

68. Cipta reyang wus tan ayun mulih | marang Wanamarta tanpa karya | tambuh (ng)gyanning ajal rêke | saya kumocor kang luh | Malarêsmi waspa drês mijil | umatur pêgat-pêgat | marang kakungipun | Kiyai pundi parannya | lara pati kawula tan nêdya kari | lan tuwan ywa salaya ||

69. Urip tan kawasa myating siwi | baya wus padha padhêm nèng paran | dhuh sutaningsun sira-(ng)gèr | bibinta nora wêruh | marang alang-ujurirèki | bibimu murang paran | nêdya mèlu

--- 11 : 169 ---

lampus | manawa jroning akerat | sira têmu amapag nuntun ring mami | kalawan bapakira ||

70. Rundaya sêbute andharindhil | Cariksutra lawan Carikmudha | miwah pra mitra sakèhe | èstri jalu milu luh | awlas mulat marang kang nangis | rumangsa têpa-têpa | kapêdhotan sih hyun | sira Ki Sèh Malangkarsa | mulat marang kang paman miwah kang bibi | asru dènnya duhkita ||

71. Têka tumungkul putêking ati | nênggak tingal junun palinggihan | ngêningkên pancadriyane | suhulira tanajul | wangsul Tarekat maring tarêki |Lebih satu suku kata: wangsul Tarekat mring tarêki. tuhu turunne beda | hawa angungubung | ing nêpsu kang munasika | ingkang kadi Arundaya Malarêsmi | kalindhih dening hawa ||

72. Sêtun lanang bisa mujadahi | ing sikara panggodhaning setan | tan kadyèstri kalindhihe | karana èstri iku | wus kacêtha ing Dalil Kadis | tipise ingkang iman | marang marga ayu | mung parêk ring kaluputan | tan§ Prayoginipun / lan /. tawêkal marang panggawene eblis | gampang pinrih animpang ||

73. Pan mangkana Ki Malangkarsèki | dènnya anjrênih ing driyanira | datan kawruhan ing ngakèh | antara tan adangu | tangi patungkulanèki |Kurang satu suku kata: tangi patungkulanirèki. asêgu ris ngandika | paman aywa wuyung | miwah bibi ywa runtik tyas | ambubunar ing kalbu êninging ngèlmi | punika sihing Suksma ||

74. Wus jamakipun makluking Widdhi | kawula ngaral kang bangsa riyah | tan kèngang langgêng kadare | anging kang wuswong sinung | ngilmining mukmin jalwèstri |Kurang satu suku kata: ngilmining mukmin jalu èstri. makam parêk Hyang Suksma | kinaot samèku | tinimbang kang tan sinungan | lak-maksiyat yêkti kaot-kaot yêkti | maksih luhung mukminnya ||

75. Sampun kirang panarikanèki | marang Hyang Sukma kang karya titah | yèn kiranga panrimane | awêwah halatipun | amarêki panggawe eblis | de wulangun paduka | myang bibi mring sunu | pandugi kula kewala | tan pinanggih lan putranta nging kapanggih | saking pitulunging Hyang ||

--- 11 : 170 ---

76. Marmanipun paman ingkang mugi | sokur rila ing panrimanira | kang eklas tawêkal jajèh | lamun botên pitulung | -nging Hyang Suksma kang ngudanèni | paman rudahing driya | paman têka (n)darus | anggêgêring pangibadah | tur kawula mugi tinuhu ing kapti | lêjarên sarèhing tyas ||

77. Cariksutra nambung wacana ris | singgih rêke kakang Arundaya | kawula ngrêmbugi rêke | kang dadya wuwusipun | Kae jêbèng Malangkarsèki | bobolèh mring utama | kewala tinurut | miwah sadaya nambrama | angrarapu mring Rundaya Malarêsmi | supaya waluyèng tyas ||

78. Kae Rundaya lan Malarêsmi | luntur tyasira pinituturan | sakala tyasira sumèh | amituhu ing wuwus | sira Kae Malangkarsèki | yata ing wancinira | pan wus gagat bangun | Malangkarsa ngling ing garwa | kinèn saos pasareyan singêp lêmpir | samya ngaturan nendra ||

79. Kae Bayi alon dènnira ngling | puniki jêbèng wus katanggungan | angsal sapintên asare | rêke kewala ngriku | lamun wontên kang karsa guling | myang kang badhe lumampah | pênêt sarap turu | ingkang liningan lênggana | samya suka sokur anatas ing ratri | agunêm ngèlmu rasa ||

80. Cariksutra angandika aris | singgih Kae jêbèng Malangkarsa | reyang atatanya rêke | mungguh ujaring têmbung | bab nagri jaman Ngawanti |§ Kirang sawanda, prayoginipun / nagari /. duk lampahe Suhunan | Kudus dipun utus | ing Kangjêng Sultan Bintara | Sunan Kudus mring tanah Pajang ing Pêngging | praptèng dhukuh Pacoran ||

81. Panggya lawan Kiyagêng ing Pêngging | wusnya sasalaman ahli sabda | Sunan Kudus patanyane | jêbèng paran kinayun | ngudi tuwuh dènnira dhangir | ngosèr gabah mênthikan | sokanandi tuwuh | lamun nora mangkonoa | aplal pupul akupumulki Ngawanti | dhasare tinimbalan ||

82. Yèn tan dêling paran sira pilih | apan kalimah sapadhaneka | ing dalêm kang sawijine | punnêndi kang dumunung | mara riki tan mutawatir | Kiyagêng lon anabda | jêbèng kang puniku | tan

--- 11 : 171 ---

pae ing panarima | sami sipat kakulah titahing Widdhi | kalawan pribadinya ||

83. Yèn miliya ing (n)jêro pan jindik | yèn miliha (n)jaba luwih sasar | sêmang-sêmang panganggêpe | yèn miliha ing luhur | pan kumandhang dèn-aku yêkti | yèn miliya ing ngandhap | yèku pasthi bingung | sasare pitung madahab | (n)jaba (n)jêro ngandhap nginggil darbèk-mami | kabèhe darbèkingwang ||

84. Pangran Kudus angandika wêngis | rika iki iya kakandhangan | apa mantêp panggilute | Kiyagêng lon sumaur | pindho gawe sira Ki Bayi | yèn wus kinocapêna | pasthi yèn dèn-ulu | dèn-lêpèh asiya-siya | pan wus uwas iku panggawene eblis | angampang idêpira ||

85. Ki Cariksutra angudi-udi | kadipandikadipundi. jêbèng Malangkarsa | basa punika raose | rèyang kirangan surup | mugi jêbèng asunga dêling | Kae Sèh Malangkarsa | lon wijiling wuwus | punika basa gêdhongan | datan kengang komuming ngling anggêgampil | ujar kang linarangan ||

86. Liya kang wus kinarsaning Widdhi | ingkang kalawan wahyu nugraha | sanggêm kang têkèng tokite | sih tan kenging jinaluk | datan kêna dèn-sêselaki | tiniruwa tur mangsa | biasa-a kadyèku |Lebih satu suku kata: bisa-a kadyèku. wontên undhagi oliya | bagi-bagi lawan pribadinirèki | sihing sira Pangeran ||

87. Yèn ta lamun binabar nèng angling | upamiya lir rasaning pangan | sing pêdhês lêgi gurihe | apait lawan kêcut | mapan sampun ngraoskên sami | yèn ta utawa ingkang | dede sêptanipun | puniku tan pati rêna | pae ingkang wus dadya sasêptanèki | mirasa suka rêna ||

88. Marma ngilmi kinêkêr piningit | marang para musanip kang wus man | kathah tèdhèng ling-alinge | sinasmita ing sêmu | pinaliring dening upami | winor lawan wangsalan | kèh sanepanipun | kang wus dadya palalira | graitannya tanggaping tyas andungkapi | lawan lèjêm kewala ||

--- 11 : 172 ---

89. Ingkang kenging kinusus ing angling | musawarat pan kalih prakara | Sarengat lan Tarekate | winulangakên ngumum | têkèng ngusuk kalawan ngasik | Khakekat lan Makripat | wus tan anèng wuwus | mukin têkèng sipat makhal | lawan kalèk tan nêdya ngumayan dhiri | suhul maring Hyang Suksma ||

90. Manawi ta kang paduka angling | sampun sanggêm sipat wujud mokal | wus kalèk ing pribadine | wus kadhaupan wahyu | datan kenging pinindho kardi | amung sira Pangeran | kang akarya uwus | Ki Cariksutra nor jiwa | kaluhuran sabda ring Malangkarsèki | miwah sadayanipun ||

91. Samyambukuh acathêt ing ati | Ki Cariksutra mèsêm lon nabda | ngrasa padhang rèyang rêke | Rundaya nambung wuwus | manira tan pae adêling | cumêplong raosing tyas | myarsa wuwus dunung | ambolongkên sumpêking tyas§ Kalih gatra ing pada punika botên wontên (kalangkungan) ing turunan babon ingkang kalatinakên (Suryasurarsan). Dene ingkang kawrat lan kacetak miring: [myarsa wuwus dunung] lan [ambolongkên sumpêking tyas] punika mêthik saking Sêrat Cênthini Rêksa Pustaka, Mangkunêgaran. | jêbèng Malangkarsa baya wus anunggil | ahline Amongraga ||

92. Kênyaming sabda swara anunggil | kadya marêm rèyang apapanggya | de jêbèng akèh èmpêre | yèn ta tan wruh ing wujud | kasaliru lan Amongragi | Malangrêsmi myarsojar | lêjar driyanipun | ing wanci wus bangun enjang | Malangkarsa aris dènnya ngancarani | samya wêktu sêmbahyang ||

93. Gupuh sadayanira pra sami | maring masjid ngambil toya kadas | myang santri lanang wadone | wusnya mèt toya wulu | santri adan angalik-alik | sunat apupujiyan | ngantya imamipun | wus mangkana kinèn kamad | Ki Rundaya kinèn ngimami tan apti | miwah Ki Cariksutra ||

94. Datan arsa kinèn angimami | nulya Ki Malangkarsa mangarsa | apasêkat usaline | (n)dadèkkên niyatipun | lapal Allah tibaning takbir | kadi toya têmpuran | nir warnaning banyu | rèhning wong wus kajumbuhan | kadya satu lan rimbagan datan nyilip | takbire wong kang wus man ||

--- 11 : 173 ---

95. Kir'ating Patekah apatitis | surat Inna anjalna apalaya |§ Prayoginipun / awalnya /. surat Watini akire | rakangat têging Kunut | tayattakyat. akir tuminah tartib | anulya salam bakda | dènnya wêktu Subuh | arahab puji-pujiyan | dikir alêlagon nulya donga Sukril | Rajukna lan Ngamimah ||

96. Wusnya anumpa donganirèki | nulya salawat asasalaman | midrê§ Prayoginipun / midêr /. warata santri kyèh | laju samya amudhun | bubar saking masjid jalwèstri | kantun para pasèkan | kang maksih anjunun | -nira Ki Sèk Malangkarsa | amapan trap sala-silahing adhikir | amirit Satariyah ||

97. Samya angguyêr ahlinya wirit | Kae Malangkarsa dènnya pana | lêsning tan nana wawanèh | mulane cipta suwung | ikramira marang Hyang Widdhi | tan jambor ring sapênyah | surasaning kalbu | wus antara jununnira | angluwarkên sambunging napas pan aris | antèr tan kêkêsodan ||

98. Nulya sujud takrub maring Widdhi | anêlangsa galating ngatitah | nrahkên tobat nasokanenasukhane. | cukup ikral ing kalbu | tangi saking panjununèki | anunumpa tigapar§ Prayoginipun / istigfar /. | luwar sadaya wus | ing nalika Hyang Aruna | dhadhar rina sumorot anênrawungi | asrarsa isining rat ||

99. Malangrêsmi wus uningèng wangsit | nuduh mring pra rubiyahing mitra | kinèn saos sugatane | pasèmèkaning esuk | nulya para rubiyah aglis | mring wisma mamariksa | pasaosanipun | sêkul angêt lan nyamikan | wus samêkta miranti wus tinup saji | nulya samya tinampa ||

100. Sinaoskên kewala mring masjid | prapta tinata anèng ing ngarsa | sêkul liwêt angêtane | myang lalawuhanipun | sarwa angêt sadayanèki | jangan pindhang kêmbulan | glar rampadanipun | wusnya sumaos sadaya | Malangkarsa angancarani wawanting | sarta para wadonan ||

--- 11 : 174 ---

101. Roroyoman kadya sabênèki | wus ngancaran (n)dan samya anadhah | kêmbul lan jalu èstrine | kang kalih datan tumut | Ki Sèh Modang lan Trêsnaragi | Cariksutra saryojar | paran marmanipun | nak Modang lan Trêsnaraga | datan tumut sami akêmbulan bukti | kang liningan turira ||

102. Inggih sarat tapa sawatawis | tiyang badhe dinuta mring Arga | -salah kalangkung angkêre | lamun manawinipun | wontên bêncananya ing wukir | supaya manggih mayar | sawataranipun | kêdhik-kêdhik nênêrang tyas | (m)bokmanawi katrimah lampahe mangkin | wontên tingkasing marga ||

103. Malangkarsa mèsêm anambung ngling | dimènipun lah mangsa botêna | dènangkah-angkaha dhewe | pan sagêduginipun | Ki Rundaya nganthuki angling | sokur Alkamdulillah | kajate nak bagus | kang sinabda anor jiwa | wus antara nutug kang samya abukti | luwaran ing panadhah ||

104. Ambêng cinarikan ing panyantri | Ni Ulangan lan Ni Basariman | nyamikan ingajokake | sêkul lorodanipun | sinungakên para pamburi | warata tan na kurang | yata kang alungguh | sira Ki Sèk Malangkarsa | angandika marang pamitranirèki | lah kakang Trêsnaraga ||

105. Lan Sèk Modang karo rèyang tuding | marang Ngargasalah kapangguha | lan yayi Jayasmarane | matura yèn ingutus | salam rèyang ring yayi kalih | kêcapna kang krana Lah | ramèbu ngayun-hyun | praptane rayi kalihaya |Lebih satu suku kata: praptane rayi kalihnya. anèng Ngardipala tundhuk lan sudarmi | kang nandhang kawlasarsa ||

106. Lah wus poma wêkas rèyang aglis | (n)dika lumakuwa mupung enjang | ingkang liningan ature | ênggèh ywa walangkalbu | nulya amit salaman sami | sadaya gantya-gantya | Ki Bayi amuwus | anak salam donga rèyang | ring arinta matur inggih duta kalih | lèngsèr mundur sing ngarsa ||

--- 11 : 175 ---

668. Durma

1. Tan cinatur wau ingkang lulungguhan | kocapa kang lumaris | Ki Sèk Trêsnaraga | lawan Kae Sèk Modang | lagis§ Prayoginipun / aglis /. wong ro tanpa kanthi | alalancaran | maring ing Salahwukir ||

2. Asarigak Trêsnaraga mingkis jubah | udhênge polèng kênthing | sarwa popolèngan | sabuk lan nyampingira | miwah kulambinirèki | sauyun samya | têkên waja galigin ||

3. Dhasar gêdhe babalung dhuwur sêmbada | wang malang mupu gangsir | godhèg palawangan | brêngos kokop ing capang | simbar dhadha ngumbala bris | andik netra bang | dregang-dregang ngajrihi ||

4. Irêng tungtung anguwangwung sarirannya | agarap lamun angling | asêndhu nayanya | kau kadi kadeyan | sira Kalayuda pati | datan wigihan | tumandang angawaki ||

5. Ki Sèk Modang pamulunira ajênar | rurus sarira wiwing | ngrangkung dêdêgira | awingit pasêmonnya | ulate lêngunting èsthi | gulu mênjangan | rema mêmak awilis ||

6. Brêngos lêmêt mêmbat pinatut pingitan | lir walêring panuli | wastra mamasêman | udhêng gadhung walaka | rasukan paningsêt nyamping | sami lurik bang | kadya Wirun apêkik ||

7. Yata lêpas ngidul-ngilèn lampahira | ngêncêng tan etung margi | ngambah wanawasa | jurang sêngkan linakyan | tan ketang durgamèng margi | raryan ajamak | takdim Luhurirèki ||

8. Bakda salat (n)dan umangkat manrang baya | mahas ing wana wêrit | ginêlak lampahnya | gya prapta kang pinarahpinaran. | ing Cimame wukir nênggih | raryan pantogan | anèng Camara ringgit ||

9. Lingsir surya wancinira rare ngumbar | anèng sandhaping ardi | luhur pakucuran | Kae Sèk Trêsnaraga | lan Sèk Modang angling aris | paran ta kakang | kabêbêgan ing margi ||

10. Pan kaliru marganya ingkang kaambah | pan dede lir duk nguni | panêngêran mara | (n)dan watu kumalasa | lawan wrêksa

--- 11 : 176 ---

gung katangi | puniku datan | wontên panêngran mami ||

11. Datan anèng ing ngriki duk lampahira | Jayasmara praptèki | Trêsnaraga mojar | abênêr wuwus (n)dika | paran polah rèyang riki | tan santun marga | tan anon kang malarih ||

12. Las§ Prayoginipun / Lah /. wus payo tinênggêl sadhengah marga | iki kewala pinrih | mangsa tan tutuga | ing pucak Ardisalah | pan wus adate yèn ardi | kèh pênyokongnya | lah payo yayi aglis ||

13. Nulya ngajat nênggêl kèndêl Ardipasar | rêkasa anganjati | pan ing Ngargapasar | kalangkung angkêrira | tan pae ing Salahwukir | tan kêna kambah | ing janma kèh kasirik ||

14. Saking angèl tan na margane kang gampang | gawat kaliwat wingit | pan ing Ngargapasar | apan pratapanira | Ajar Sangularas nênggih | wus ngraga-sukma | nèng pagênturan wukir ||

15. Wusnya aso Trêsnaraga lan Sèk Modang | karsa mangkat nganjati | pan datan antara | ampuhan ingkang prapta | pêtêng (n)dhêdhêt kang wiyati | sora swaranya | prahara awor riris ||

16. Gora-godha haru-hara ambêncana | horêg gêdhor kang bumi | jurang munya sunyak | wrêksa gêng asiyutan | kadya rubuh tumpang tindhih | lwir suraking prang | gumrêdêg swarèng angin ||

17. Nêngna kang nyiluman amindha danawa | ngrik mijil sing wrêksèki | ingisis siyungnya | ngajrihi anggigila | cawête polang mathinthing | apêtak-pêtak | hèh mati (ng)ko wong iki ||

18. Warnanira sasigar awak salewah | dadu kalawan langking | rambut jatha-gimbal | ngumpal-umpal sinarag | swara-rahang ngêrak-ngêrik | mêngko sun-cacah | sun-kala-mangsa mati ||

19. Nora wurung wong ro iku karo pisan | alêbur tanpa dadi | ajur-mumur rênyak | akir mangsa dadiya | Ki Trêsnaraga mangkya ngling | sêndhu anêntak | hèh drubiksa pipidhir ||

20. Lah ya mara manira sira mangsa-a | ywa susah wong kakalih | awaksun priyangga | untalên ayonnana | sarya nyampinge winingkis | ngikal sadaknya | anawêt netranyandik ||

--- 11 : 177 ---

21. Gagah rowa berawa lir Antasena | babrêngose pinuntir | tangane kang kiwa | kinêpêl ing (m)bat-êmbat | kang têngên mandhi kumitir | têtêkênira | ingkang suligi wêsi ||

22. Pan asêndhu wuwuse Ki Trêsnaraga | hèh brêkasakan bêlis | payo lah dèn-agya | anaut angganingwang | ra-orane sun-oncati | Ki Modang mulat | gumêtêr awaknèki ||

23. Kagawokan mulat rupa salah endah | cêcêngkronge tinarik | kumitir nèng asta | kang kiwa ngrangkul marang | ing lambunge Trêsnaragi | Kae Sèk Modang | tigapar§ Prayoginipun / istigpar /. wanti-wanti ||

24. Sarwi muwus marang Ki Sèk Trêsnaraga | kakang ywa pisah ugi | lawan angganingwang | nadyan mati uripa | lêbur luluh barêng mati | kakang lan ingwang | ywa mulih salah siji ||

25. Payo padha sinau mati nèng wana | barêng kalawan mami | dênawa angucap | maras têmên ta sira | lah wus aja dadi ati | tan têmên ingwang | sun-coba sira kaki ||

26. Dene padha angambah marga kayangan | liwat dènyambêg pati | iya kaya sira | nèng kene kongsi prapta | yèn ing liyan sira kaki | mundur ring warta | wus ta elinga kaki ||

27. Sarungêna jêbèng gamanira uga | aja amêmêdèni | Ki Modang angucap | payo kakang mundura | kalih wruh cobaning Widdhi | ingkang rasêksa | wus salin warnanèki ||

28. Arupa wong arum manis têtêmbungnya | kagyat Trêsnaragèki | aglis mundurira | Ki Modang maring ngarsa | agupuh dènnira linggih | yata Ki Ajar | wacananira aris ||

29. Lah dèn-parêk marene alêlungguhan | Modang Trêsnaragèki | samya lon anabda | sayêktine manira | nêdha pangapura ugi | rèh tan uninga | datan anyana mami ||

30. Lamun inggih ing mangke kadya punika | dening non sonya sêpi | Sangularas mojar | bêjane kang uninga | kang wêruh ing bale-mami | pan kamayangan | salamêt yèn kapanggih ||

--- 11 : 178 ---

31. Lawan rèyang lah payo asêsalaman | agupuh Ki Sèk kalih | samya jawab-tangan§ Prayoginipun / jawat-tangan /. | panambramèng waluya | Sèk Modang kartikèng galih | pantês Ki Ajar | ana kawasanèki ||

32. Pan katarèng sêmu cahyane anrawang | Ke Sangularas angling | kang muga wêruha | prênahe batur rèyang | sanalikaning pangèksi | asalin jaman | dhukuh kawuryan asri ||

33. Babanjaran endah babaturing praba | dhêdhêg upacarèki | lalanggêning taman | puspa (n)jrah rum ing ganda | tirtanjog saking pucaking | ngancala langwan | ruk we ring parangwèsthi ||

34. Kadya nêmbur-nêmbur mantul sumamburat | myang toya jinantrèki | botrawi pinatra | tinatrap sela rimbag | miwah we pinêcuk munggwing | anjala-tundha | anrang ing parang tawing ||

35. Anggapiti ênu tur mawi wijilan | tumundha gapura di | bale pakêncuran | gapura supit-urang | sakitrèn tumaruna sri | ababanjêngan | wrana pilaring kêlir ||

36. Ki Sèk Modang Trêsnaraga cêngêng mulat | mangucah ing ngalêwih | pan kèlokaning Hyang | sih sinungging mukmin kas | tingale nora kaèksi | tinggal warana | jênênge salat jati ||

37. Trêsnaraga asasmita mring Sèk Modang | kêdangon anèng ngriki | bêcik apamitan | sarta tanya (ng)gyannira | Jayèngrêsmi Jayèngragi | ing Ngargasalah | kang êndi wukirnèki ||

38. Ki Sèk Modang aris dènnya atatanya | kang pundi prênahnèki | margine ing Ngarga | -salah kang kula sêdya | Ajar Sangularas angling | yèn sun wus wikan | ing sakarsanirèki ||

39. Enggèh mangke rèyange kang nguntapêna | lamun sira pribadi | mangsa ta tutuga | marang ing Ngargasalah | lêt jurang kalangkung trêbis | lah payo mara | mring Ngargasalah nênggih ||

40. (n)Dan umangkat Kae Ajar Sangularas | Sèk Modang Trêsnaragi | marang Ngargasalah | kapungkur Ardipasar | sirna tulyaning pangaksi | Ki Sèk kalihnya | tut wuri anèng wingking ||

--- 11 : 179 ---

41. Tan rêkasa ngambah jurang palunguran | sakêdhap nulya prapti | (ng)granning Ngargasalah | Ki Ajar Sangularas | anulya datan kaèksi | musna nèng ngarsa | Sèk Modang Trêsnaragi ||

42. Samya ngrêngan Ki Modang alon wacana | lah paran polah iki | sapa nuduhêna | prênahe Jayasmara | iki wus pucaking wukir | tan ana janma | satata anèng ngriki ||

43. Yata kang asrama anèng Ngargasalah | Sèk Raras lan Sèk Rêsmi | apan sampun wikan | yèn wong sanake prapta | Ajar Sangularas nênggih | wus panggih lawan | Sèk Raras lan Sèk Rêsmi ||

44. Lèlèjêman lukita sasmitèng basa | samya karsa manggihi | mring Sèk kang dinuta | kang parêk ing gigilang | nulya pinaranan ririh | lênggah ing sela | gigilang kang rinuwit ||

45. Ki Sèk Modang anèng têngah kawêdhêngan | tan wikan parannèki | mojar Trêsnaraga | bêbêg ati-manira | Wukirsalah iya iki | dene tan ana | Jayasmara Jèngragi ||

46. Ki Modang ngling sapuluh mung pira-bara | ana pitulung Widdhi | nênêdha Hyang Suksma | muga pinanggihêna | lan Jayasmara Jèngragi | yata samana | Sèh Raras lan Sèh Rêsmi ||

47. Angatingal sarya ngling auluk-salam | Sèk Modang Trêsnaragi | kagyat dènnya mulat | marang Ki Jayasmara | kalawan Ki Jayèngragi | Ke Sangularas | nèng sela gilang langking ||

48. Kang Sèk karo nauri ngalekum salam | agupuh malayoni | gya anjawat-tangan | warata gantya-gantya | tumungkul kang duta kalih | tan wawa§ Prayoginipun / kwawa /. mulat | saking cahya dumêling ||

49. Ki Sèk Raras Rêsmi nglairkên mangunah | walikaning pangèksi | kaelokaning Hyang | jamaning kaendahan | Sèk Raras ngandika aris | kakang ro kita | bageya kang basuki ||

50. Anauri tangi saking patungkulan | anor panuwunèki | sarya myat banjaran | praba gung kinaturan | ing sela kosok ingukir | patra pakisan | tinimang lan cêndhani ||

--- 11 : 180 ---

51. Palatare agasik wêdhi malela | asunar (m)balêrêngi | nganthênging kêliran | prakirna§ Prayoginipun / plakirna /. tumaruna | samyandhap wohnya andadi | tan ana mangsa | asinang matêng ing wit ||

52. Kanan wukir pamandêngan sri tinaman | taman sinari-sari | kang tirta wurukan | muncar apupuntiran | mancurat marapat wukir | malêngkung kadya | kukuwung ngaluwêngi ||

53. Anrang tibèng laleyan warih winarah | kikirih pinaripih | kalampih linurah | ing ruji sinaroja | ingringing kadya caluring | anèng bêbêngan | botrawi pinarigi ||

54. Lèh praba-di malige auparêngga | babatur kumawilis | umpaking sasaka | sela ujwala seta | lir gêdhah sinarawèdi | tinatur§ Prayoginipun / binatur / [sudah benar: tinatur]. rêngga | sasaka linung pakis ||

55. Tumpangsari sunduk kili pamidhangan | sisingup dhadha-pêksi | santên sangga-uwang | usuk takir balandar | myang molo dudur rinujit | samya pipilan | sela gêdhah nêlahi ||

56. Madyèng praba sinungan pandam gantungan | rinawis-rawis adi | rêsmining puspita | sinulam asalangan | ing muteara bang kuning | myang dadu pita | lèn kapuranta wilis ||

57. Angujwala ngunguwung amarakata | narawung marêrêngi | lepaning jarambah | gêdhah sinadur rasa | kumilah-kilah nêlahi | sira Sèk Modang | kalawan Trêsnaragi ||

58. Kagawokan micara sajroning nala | eloke ing pangaksi | langkung kinawasa | têtêse ing kasidan | pinurbèng sihing Hyang Widdhi | tuhu sujanma | linuhung ing kadadin ||

59. Kang wus mukik mustakik mungguhing Allah | bisa karya pandêling | nyata wus nujêmba | jamak-jamak walikan | prasasat wus sipat Gusti | sira Pangeran | asinung murah asih ||

60. Baya iku makluk makaling Hyang Suksma | têkèng daim sajati | langgêng ing kaanan | -nirèng Suksma wisesa | suhun jisim Suksma latip | tunggal pinangka | kang datan minangkani ||

--- 11 : 181 ---

61. Duta kalih adangu pangungunira | mitênggêng tanpa angling | Sèk Raras wêcana | kakang kita wêca-a§ Prayoginipun / wêcana /. | marang ke-paranning tuding | ulun yun wikan | duta ro matur aris ||

62. Inggih mangsa-borong tuwan kang wus wikan | sadèrèng sampun uning | Sèk Raras lingira | abênêr ujarira | ulun pan wus ngudanèni | salakunira | anging cêgah ing lair ||

63. Wong tinanya yêkti sumaur pasaja | tan takabur ing ngèlmi | Sèk Modang turira | inggih lampah kawula | dinutèng kakangirèki | Sèk Malangkarsa | wiyose sung udani ||

64. Yèn ing mangke ramanta lan ibu tuwan | praptèng Ardipalèki | langkung kawlasarsa | miminta yun papanggya | dahat wulangunnya kalih | paduka tuwan | ngaturan ing sudarmi ||

65. Cipta datan adangu sakêdhap netra | luwara tyasing kang gring | brangta maring tuwan | wusing kadya punika | kang salam pondonganèkipandonganèki. | rama ibunta | myang Sèh Malangkarsèki ||

66. Mugi kaatura ring paduka tuwan | Sèh Raras lingira ris | lah kakang Sèk Modang | lan kakang Trêsnaraga | rika matura rèh tuding | ing ibu rama | ulun tan ayun panggih ||

67. Lan (n)jêng bapa ibu anèng Ngardipala | benjang ulun yun panggih | anèng Wanantaka | rêke tan nanggung ngaras | sayêkti sadaya panggih | tan na kang ninang | pupul siwi jalwèstri ||

68. Anèng Jurang Jangkung pulo Palanggatan | ing ngriku yun apanggih | Sèk Modang turira | yèn ta kadya punika | kawula tumuntên amit | rèhning dinuta | Sèh Raras ngandika ris ||

69. Kakang karo rika ngantiya sadhela | bêcik asarap bukti | nulya sinasmitan | garwa ri samya prapta | Turida lan Rarasati | endah warnanya | lir pendah widadari ||

70. Ki Sèk Modang tyas luluh tan bisa mulat | kaendahaning warni | pan nora waspada | ing cacah pamulunya | Ni Turida Rarasati | kae Sèh Raras | cipta kewala kapti ||

--- 11 : 182 ---

71. Kinèn asung sugata samêktèng tadhah | gya lèngsèr Nikèn kalih | tan dangu wangsulnya | anampa kang sugata | sinungkên kang tamu kalih | sampun sumadya | kêndhi gêdhah rinukmi ||

72. Ki Sèh Raras arum wijiling wacana | kakang kita wawanting | lan punika rinta | rabi-ulun Turida | sawijinira Rasati | rêke rabinya | rinta Kae Sèh Rêsmi ||

73. Ulun ingkang sisilih têngran Sèh Raras | wus kakang rika bukti | lawan garwaningwang | kang liningan nor jiwa | arahab kalihnya bukti | akanikmatan | surasaning rijêki ||

74. Wus kalihe nutug dènnira anadhah | ambêng nulya cinarik | gantya nyanyamikan | lawan lancang pawohan | parêkannya èstri adi | tarap angayap | miwah kang nglaladèni ||

75. Wus mangkana Sèh Modang lan Trêsnaraga | angling sami minta mit | Sèh Raras rih nabda | ring ngêndi marga kita | kang prayoga gampangnèki | pakolèh rikat | matur sumanggêm kapti ||

76. Winacana mangkya ulun kang nguntapna | linilan dènnira mit | nulya sasalaman | mring katri gantya-gantya | nulya lèngsèr saking ngarsi | saungkurira | musna tan nana kèksi ||

77. Kang banjaran laleyan ingkang kawuryan | mulih sèsining ngardi | lir duk praptanira | duta ro èmêng ing tyas | dene tan nana kaèksi | ingkang winulat | lir tingaling pangimpin ||

78. Saking dening kèwuhan ingkang kamargan | kulon wetanirèki | miwah lèr kidulnya | tan bisa tumuruna | samyosik sajroning ati | mau sanggupnya | anguntap marga-mami ||

79. Dene iki nora nana katingalan | mangkana siking ati | tan dangu saksana | [...] |Kurang satu baris: udan drês mawurahan. barat agêng (m)buncang maring | duta kalihnya | kabêlabak ing angin ||

669. Balabak

1. Ki Sèk karo kombul kagawa ing angin | ragane | kadya mabur ngawang-awang kuwathèyan | sikile | jêlih-jêlih atinira |Kurang empat suku kata:. marase ||

--- 11 : 183 ---

2. Mulat ngisor kumêsar angawang-awang | (ng)langute | nguwuh-uwuh Sèk Modang lan Trêsnaraga | sambate | kaniaya karane wong dèn-apusi | jawane ||

3. Yata saya mumbul marang ngawiyati | dhuwure | lamat-lamat awor lawan mega putih | pêdhute | samya ngucap iki mêngko marang ngêndi | paranne ||

4. Dene silêm dharatan lir manuk dara | bêblêse | baya iki mari tinitah manusa | patute | dadi titihing manuk awakku iki | kirane ||

5. Lamun nora mêngkono dadi dhêdhêmit | mêngkone | lah kêpriye awak rèyang jêbul ngêndi | tibane | wong kêkalih kukuh cêkêl-cinêkêlan | tangane ||

6. Ki Sèk Modang asru dènnira anangis | sambate | rabinira sakawan ingkang kaetang | angêne | lah kariya yayi ywa kari kelangan | sira (ng)gèr ||

7. Tambuh ingong nêmu pati lawan urip | mêngkone | yèn sun mati sira aja laki-laki | (m)bok bojoGuru lagu seharusnya: 3e, (m)bok mase. | lamun laki yèn tan olih kaya rèyang | têkonne ||

8. Wong kakalih kombul alayang-layangan | muluke | ilang tyase samya mêrêm tan amulat | anggane | lêpas rikat lir kapuk katut ing barat | lampahe ||

9. Ki Sèh Raras sami mèsêm jroning ati | ciptane | non sanaknya kang kontal ing angin asru | kombule | apupungun dènnira angèsthi cipta | kalane ||

10. Pan akarya (n)jantur pawong sanakira | mubênge | Sèh Raras sru patobatirèng Hyang Suksma | suhule | anêlangsa rumangsa asalah karya | angglathe ||

11. Pinalêkah angikis jatining apa | antêpe | yata wong kang kakalih cinatur malih | kèndhange | pan sasangat dangunya dènnya katiyup | bablase ||

12. Wancinira rare anggiring pangonan | (n)dulure | surya angalarap mèh titih ancala | ayome | Ki Sèk Modang alon pinarnah ing angin | tibane ||

--- 11 : 184 ---

13. Saking tawang lêr-lêr udhune kapenak | sar-sêre | tibèng pataran Sèh Raras panjanturnya | asroge | anglir dinokakên ing pangkon kang alon | padhane ||

14. Ciptanira Sèh Raras panjanturira | pinurèh | tumiba-a ing wisma (n)jawining lawang | desane | Ki Sèk Modang kalihnya wus anèng lêsta | alinggèh ||

15. Lênguk-lênguk samya datan bisa angling | marmane | apan misih sumaput ing panonira | sênêbe | dupi èngêt lêng-lêng ngungun gêgêtunnya | driyane ||

16. Datan nyana kalamun wus ana siti | awake | wus kagagas jroning tyas masih kagugu | sêktine | Ki Sèh Raras langkung aèdi linuwih | sabdane ||

17. Ki Sèk Modang wacana mèsêm dènnya ngling | rasane | baya kakang puniki ing Ngardipala | gajêge | Trêsnaraga anauri lah ya iki | bênêre ||

18. Wismanira dhewe pan iku katara | pagêre | lah wus payo banjur kewala umatur | bêcike | Ki Sèk Modang nauri ênggèh prayogi | banjure ||

19. Nulya samya minggah pangundhak satundha | karone | yata sira Sèh Malangkarsa duk anèng | masjide | pan sadina durung arsa maring wisma | dangune ||

20. Maksih lungguh nèng masjid lan tamunira | karone | myang mitrane Ki Pariminta Mongsari | rowange | lagya gunêm masalahing ngèlmu rasa | murade ||

21. Ki Rundaya alon dènnira tatanya | ki jêbèng | sampurnaning panêmbah kadipunêndi | têgêse | Ki Sèh Malangkarsa anor matur aris | têmbunge ||

22. Inggih amung kang rila tigang prakara | yêktine | kang rumiyin arila marang ing takdir | sucine | kaping kalih rila maring ing dhikire | êninge ||

23. Kaping tiga arila maring nganasir | andêle | Rundaya ngling lah kadipundi liripun | ki jêbèng | matur de kang arila marang ing takdir | sucine ||

--- 11 : 185 ---

24. Iklas têkèng ikram mikrad munajad kutu. | -badile | wondene kang arila marang ing dhikir | êninge | kang waspada suhuling kawula Gusti | jumbuhe ||

25. Napi isbat kang tumêka makhalkalèk | têlênge | dene ingkang arila marang nganasir | andêle | sangkan paran asal-usuling pinangka | waune ||

26. Mangka mangkin tumêka dina kang kari | jatine | sadurunge dadi duk dadi wus dadi | ghaibe | kang wus junun tigang prakawis puniku | dununge ||

27. Wus sampurna ing sêmbah kalawan puji | jatine | dadya datan angloro sira Pangeran | tingale | Ki Rundaya kalangkung padhang tyasira | jinarwe ||

28. Pariminta Amongsari wus anyathêt | driyane | lagya eca agunêm apan kasaru | praptane | Ki Sèk Modang kalawan Ki Trêsnaraga | sarênge ||

29. Samya kagyat kang lênggah mulat ing Modang | dhatênge | Ki Sèh Malangkarsa agupuh lingira | angawe | lah yayi Sèk Modang kakang Trêsnaraga | dèn age ||

30. Kang ingundang praptèng ngarsa gya anjawab§ Prayoginipun / anjawat /. | tangane | wrata dènnya sasalaman gantya-gantya | binage | Malangkarsa aris dènnya angandika | ngungune ||

31. Dene aglis prapta (ng)gyannira lumampah | karone | paran datan dumugi wangsul ing margi | mênèke | Ki Sèk Modang Trêsnaraga misih lêsu | sêmune ||

32. Malangkarsa mulat kasompoking wêktu | Mahribe | awêcana wus yayi mêngko kewala | bêcike | yèn wus bakda Ngisa nora kêtanggungan | wajahe ||wayahe.

33. Payo padha arêbut wêktuning salat | parlune | nulya samya agupuh maring pahèran | sucine | pra santri wus samya wulu jalu èstri | kabèhe ||

--- 11 : 186 ---

34. Sami salat Mahrib makmuming gurunya | wêktune | bakda Mahrib lajêng Ngisa salatnèki | sawuse | bakda Ngisa paragat sakèhing sunat | purbane ||

35. Abubaran Malangkarsa ngancarani | kondure | maring wisma gupuh kang samya liningan | udhune | Arundaya Malarêsmi anèng ngarsa | lampahe ||

36. Malangkarsa Cariksutra Carikmudha | wurine | Pariminta Modang Trêsnaraga Among | -sarine | ing made wus rinukti gêlaranira | waune ||

37. Myang pawohan wedang dhadharan sumaji | ngarsane | Malangkarsa ngling mring garwa MalangrêsmiMalarêsmi. | wuwuse | lah saosa bubucu ingkang prayoga | lawuhe ||

38. Kang liningan sigra nuduh pawongira | ge-age | tan adangu rampadan prapta ing ngarsa | sangkêpe | nulya ingancaran awiwijikan |Kurang satu suku kata: nulya ingancaran gya awiwijikan. kabèhe ||

39. Samya nadhah kêmbul lawan jalu èstri | royome | pan pakantuk anutug dènnira nadhah | tuwuke | aluwaran ambêng rampadan cinarik | undure ||

40. Nyanyamikan lah-olahan lan wowohan | sumajyèngsamadyèng. | ingancaran ngalap dhadharan nyamikan | mangsêge | sami ngambil sasênêngira angalap | nyamike ||

41. Ki Sèk Modang nor mingsêr angapurancang | mlêpêse | sarta alon turira rèhing dinuta | têlètèh | (ng)gèh wus prapta kawula paduka tuding | angodhèg ||

42. Maring Ngargasalah pangguh lan arinta | kaliye | pan wus matur sadaya pitungkas tuwan | liring rèh | amangsuli akêcap lamun tan arsa | kapanggèh ||

43. Lan ramanta ibunta nèng Ngardipala | ujare | benjang rêke kewala nèng Wanantaka | sanggême | anèng Jurang Jangkung pulo Palanggatan | panggiye ||

44. Mring sudarma myang kadang kupu nèng ngriku | têmone | lamun adrêng (n)jêng bapa ibu yun pangguh | marang Ke | tuwas apa tan kapanggya lawan ulun | yêktine ||

--- 11 : 187 ---

45. Wus mangkana kawula mit ing rayinta | tan awèh | kinèn nadhah kang garwa sami ngladèkna | kramate | kaelokaning pangèksan tanpa timbang | endahe ||

46. Wusnya sinugata kawula tinundhung | mantuke | pan kawula sinumpingan salam sêmbah | kature | mring ramèbu paduka sarta tur uning | ing mangke ||

47. Jayasmara paparab Sèh Adiraras | wondene | Jayèngraga sisilih Sèh Adirêsmi | wastane | wus malekah anatal mangunahira | kramate ||

48. Gya kawula umangkat tinut ing barat | agênge | pan kabuncang wong roro layang-layangan | mumbule | panujune wong kalih tan kêna ginggang | tangane ||

49. Kongsi bêblês ing langit silêm dharatan | musnane | tan anyana lamun sagêd tibèng siti | nèng kene | saking sabda manggunahipun Sèh Raras | Rêsmine ||

50. Têlas aturira wau Ki Sèh Modang | karone | Malangkarsa umatur marang kang rama | kalihe | botên linyok batang kawula kang wau | yêktine ||

51. Kang puniku sumangga mungguhing karsa | ing mangke | Ki Rundaya anjêjêr tan kêna angling | ngungune | Malarêsmi mingsêg-mingsêg karuna ris | ririhe ||

52. Ketang dènnya kang putra kandhêg ing warta | tan panggohGuru lagu seharusnya: 3e, tan panggèh. | lon umatur mring laki sarwi anangis | magêpe | dhuh Kiyai paran ing polah puniki | rêmbuge ||

53. Mangkenipun tan wande makotên malih | wartine | Ki Sèh Malangkarsa anor angrêrêpa | wuwuse | adhuh êmbok sampun kang kadya punika | angêne ||

54. Tan paedah ngubungi apêsing budi | tan sae | malah mandar tyas kang sukur anarima | sarèhe | Ki Rundaya alon dènnira ngandika | têmbunge ||

55. Lah wus jêbèng rèyang iki papamitan | samangke | Ki Sèh Malangkarsa alon aturira | anore | inggih mangke amba umatur ing paman | lampahe ||

--- 11 : 188 ---

56. Kang rama ngling lan ênggèh Alkamdulillah | kajate | Ki Sèh Malangkarsa ngling mring mitranira | karone | lah kakang Sèh Pariminta Amongsari | kalihe ||

57. Mara rika tumutur mring Wanantaka | gagêntèn | yayi Modang lan kakang Sèh Trêsnaraga | pênêde | lah kantuna kewala atêngga wisma | karone ||

58. Kang liningan samya umatur sandika | saguhe | Malangkarsa ris nabda marang kang garwa | wuwuse | lah kariya yayi ngong tumutur lawan | lampahe ||

59. MalangrêsmiMalarêsmi. umatur inggih sumangga | karsane | wus mangkana lêga tyasira Rundaya | kalihe | driyanira lir êmas timbul ing toya | sukane ||

670. Maskumambang

1. Tan winarna dalu praptanira enjing | bakdanira salat | Subuh sami sarap bukti | lêbar nutug cinarikan ||

2. Wus siyaga sagung kang arsa lumaris | sangunirèng marga | binakta kang para santri | kang arsa umiring lampah ||

3. Kae Malangkarsa aturira aris | lah sumangga paman | umangkat mumpung aènjing | kang ingaturan sukèng tyas ||

4. Cariksutra sumambung wacana aris | Kae jêbèng rèyang | tan tumutur lampahnèki | maring dhukuh Wanantaka ||

5. Reyang badhe sumimpang mangke nèng margi | Ki Sèh Malangkarsa | ngling rêke paman Kiyai | punapa parênging karsa ||

6. Nulya sami sasalaman mring kang kari | wusing pamitira | dyan umangkata lêstari | Rundaya lan garwanira ||

7. Pajar sidik rêpêt rêmêng saput-siti | kitri kalamukan | ing pêpêdhut angrêmêngi | lir dyah kasingêb ing wastra ||

--- 11 : 189 ---

8. Mawèng tundha pangundhakanirèng margi | kang kidul parah lwah | pakirian maring sabin | sabin tulak kabêbêngan ||

9. Pêksi banyon putiyan mèt mangsèng warih | manyar baranjangan | munyèng tawang angêjêri | cabak cucuwiyung umyang ||

10. Sirat wetan ima pulas dinulya-sri | sungging ing akasa | linut ing sunar Hyang Rawi | jaladara tuturutan ||

11. Dadu pita seta rêta paulpingul. langking | angling lulungsiran | ima malang amalêngki | lêngkaning mega jodhogan ||

12. Surat-surat lir cawining ngawiyati | katejaning surya | anrangi sèsining bumi | hèr bun kang tumawèng§ Prayoginipun / tumamèng /. patra ||

13. Lir sasotya sinuluh angujwalani | kang mawaning marga | nut tikung galênging sabin | (n)jog marga gung sinarambah ||

14. Cariksutra ngandhêgi wacana aris | kakang Arundaya | lamun punika kang mugi | maklum sarta angapura ||

15. Rèhning rêke kawula datan umiring | marang Wanantaka | kewala kawula mulih | maring dhukuh Ngardisêkar ||

16. Arundaya nauri wacana manis | ya Alkamdulillah | kewala andum basuki | rêbat samya pakantuknya ||

17. Sarwi jawab-tangan§ Prayoginipun / jawat-tangan /. sasalaman gipih | Kae Cariksutra | sarya nor dènnira angling | lah kakang Kaè Rundaya ||

18. Mugi-mugi wontêna sihing Hyang Widdhi | pangguhing sinêdya | kang sarta raharjèng margi | dinohna ing panukarta ||

19. Winangsulan waluyaning sih pupuji | Kyai Carikmudha | tur bêkti salamira mit | warata pasalamira ||

20. Wusnya dènnya samya pupuji-pinuji | pêpèrangan marga | kang laju lawan kang mulih | Cariksutra Carikmudha ||

21. Lan santrinya Sêtradrêma Sêtragati | kang mahawèng paran | Rundaya Ni Malarêsmi | katri Ki Sèh Malangkarsa ||

22. Mitra kalih Pariminta lan Mongsari | tan ambêkta rencang | dadi mung kalima èstri | adulur dènnya lumampah ||

--- 11 : 190 ---

23. Rundaya ngling sintên kang garma ing margi | Malangkarsa nabda | lah kakang Sèh Amongsari | prayoga para nèng ngarsa ||

24. Kang ingatag glis mangarsa anglancangi | Mongsari kang dadya | juru tinuduh ing margi | simpange mring Wanantaka ||

25. Pasabinan talun patêgilan gagi | pan wus kalintangan | malapat desa paminggir | taratab kang pagrumbulan ||

26. Lêpas napak ing pakêtêban wanadri | anggaliyak lampah | lumintu tan raryan margi | sêmada sinrang lampahnya ||

27. Mudhun jurang munggah palunguran dhikil | pagênêngan wana | grêng kaywa gêng aningubi | tan bêntar§ Prayoginipun / tan bêntèr /. ingkang lumampah ||

28. Kèh swaranya buron sato ing wanadri | bêngohing andaka | pauling kidang lan kancil | bêngoring jawi mênjangan ||

29. Cêkrohing wa-uwa warangutan atri | lutung agogokan | sinrang ing singa anggroni | samya wingwrin asar-saran ||

30. Myang swaraning pêksi tawang amêlingi | lan kang andon wohan | nocor woh karasula prih | wurahan anèng kakaywan ||

31. Pêksi bubut bintit gêtêran sru muni | yèn janma-a ngucap | ya ta-lah rêke Ki Bayi | Panurta lan rabinira ||

32. Tega tilar sasana ngamalirèki | parah ngendra paran | bobote wong asêsiwi | nandhang kapêdhotan trêsna ||

33. Lir nauri pêksi bintit (m)bibisani | ya bênêr sing sapa | bisa nawêkalkên budi | yèn lagi wêktuning mangsa ||

34. Kang mangkono iku kang mungguhing ngèlmi | Ki Bayi Panurta | brangta ring siwinirèki | thithik rada kakandhangan ||

35. Angowahkên tyas kang sukur ing Hyang Widdhi | angloro Pangeran | sih tan lyan kang anduwèni | amung Hyang kang murbèng jagad ||

36. Pêksi bubut nauri bênêr sirèki | nging ika kajaba | waliyolah kang linuwih | tan gimilir ujarira ||

--- 11 : 191 ---

37. Yèn ta misih lagi mukmin bae pasthi | tan bisa tawêkal | ilange nak putu rabi | kang wus lumrah kasusahan ||

38. Lir mangkana kang pêksi isthanirèki | yata kang lumampah | duk enjang tumêkèng lingsir | rumêksa wêktuning salat ||

39. Anon ranu ing margi samya ngandhêgi | ngambil toya kadas | mimilih kang simpar aking | anèng sela kumalasa ||

40. Anumama pabêktinirèng Hyang Widdhi | damak§ Prayoginipun / jamak /. takdimira | Luhur lan Ngasarirèki | akir ginendhong ing awal ||

41. Bakda salat kewala laju lumaris | nusup ngayam-alas | tan ketang rêkasèng margi | (n)dungkap bana panipisan ||

42. Arang-agal myat dhukuh tan arsa kampir | linaju kewala | tatas pagrêngan wanadri | ing wanci wus rare ngumbar ||

43. Nampak banar patêgêran (ng)gênêng magir | anjog palunguran | ra-ara rata aradin | kalangit ing Wanantaka ||

44. (n)Dungkap patugaranpatêgêran. patalunan gagi | kang samya lumampah | arêndhon lampahira ris | mulat têgal pasabinan ||

45. Miwah anon padhukuhan kang kaèksi | pan ing Wanantaka | myang dhukuh ing Wanasari | sakiwa têngêne ana ||

46. Dhukuh Magêr-sari pitung grumbul alit | wilis pakitrènnya | karajan kawuryan asri | masjide katon angangrang ||

47. Pan anglela angungkang jurang kapering | wrêksa rahu tuwa | nuntung kalangkung gêng inggil | minangka tugu panêngran ||

48. Soring wrêksa dadya paninisanèki | jalwèstri sadaya | pamomonganing rarywa lit | myang plegunganing maesa ||

49. Kanan paudhunan mring jurang kang margi | marang pasêndhangan | pêngangson wong sadesèki | mariku ing Kalampeyan ||

50. Pan winacaksuji tinaman ing sari | patramanggala myang | andong-bang lan kayu puring | kayu-mas lan mandhatuwa ||

51. Sisikatan nagasari lan kumuning | bakung puspanyidra | ragaina pacarwarih | katongkèng taluki dangan ||

--- 11 : 192 ---

52. Sêndhang Kalampèyan nèng langap kang inggil | lalawèhing jurang | yèn ana ilining banjir | sêndhang tan kalaban toya ||

53. Pasimparanira Sèh Mangunarsèki | myang Ke AnggungrimangAnggung rimang. | panêpèning wong sêdyapti | anèng sêndhang Kalampèyan ||

54. Yèn raina dadi pangangsone janmi | myang pagujamasan | samya dus ngangsu susuci | pambilasaning wong kathah ||

55. (ng)Gyan patêmon Sèh Mongraga lan kang rayi | Ki Sèh Mangunarsa | Anggungrimang Rancangkapti | kadhang nèng ngriku ing sêndhang ||

56. Ing nalika manjinging wêktu Ngasêri | Kae Mangunarsa | asalat Ngasar pribadi | anèng sêndhang Kalampèyan ||

57. Munggèng sela patumpukan pinarigi | bakdaning sêmbahyang | lagya patakur§ Prayoginipun / tapakur /. ing Widdhi | kang raka kaliyan prapta ||

58. Sèh Mongraga Tambangraras datan kari | nèng sela sumyana | Mangunarsa angingsêri | sarta tur salam sêmbahyang ||

59. Sèh Mongraga pangandikanira aris | yayi ramanira | (n)Jêng Kiyai Guru Bayi | Panurta ing Wanamarta ||

60. Sarta ibu Malarsih ingkang aprapti | lan pamitranira | Kae Sèh Malangkarsèki | Mongsari lan Pariminta ||

61. Samya nguntap ing lampah ramanirèki | saking Ngardipala | yun panggih lan ulun mangkin | sarta Nikèn Tambangraras ||

62. Sadayane putra kang sami angikis | Mangunarsa turnya | kalangkung sukur ing galih | ramanta kaliyan prapta ||

63. Sèh Mongraga alon angandika malih | yayi Mangunarsa | lamun ramanta wus prapti | tanya ring ulun panggiha ||

64. Aturana rêke kewala ana ring | Jurang Pajangkungan | pulo Palanggatan mami | ywa sah yèn durung sun-panggya ||

65. Lan sun-ngambil Jayèngrêsmi Jayèngragi | anèng Ngargasalah | kang padha kinayun panggih | kalawan rabine pisan ||

66. De ramanta sarèhna wismanirèki | rinta Anggungrimang | lan rabine Rancangkapti | kurmata ing ibunira ||

--- 11 : 193 ---

67. Lah wus ulun marang ing kasêpèn mami | kasompok tamunya | manawi kasêlak prapti | anêmbah Ki Mangunarsa ||

68. Sèh Mongraga gya nis lan garwanirèki | kae Mangunarsa | mulih mring wismanirèki | nuding mring pawonganira ||

69. Santri Monthèl lan wadonira Cênthini | kinèn anggêgêlar | ngrukti pasugatanèki | sêkul ulam nyanyamikan ||

70. Kinèn animbali ring arinirèki | Ki Sèh Anggungrimang | lan rabinya Rancangkapti | kinèn marang Wanantaka ||

71. Tinuturan yèn wontên dhadhayoh prapti | kang kinèn gya mentar | wadon Cênthini tinuding | lan Monthèl kinèn mring têgal ||

72. Ngambil pala kasimpar kapêndhêm tuwin | lalab jajanganan | umatur wadon Cênthini | tuwan sintên kang dhatêngan ||

73. Ki Sèk Mangunarsa mèsêm ngandika ris | pan durung karuwan | praptanya nèng ngarsa-mami | kaya na sun arsa-arsa ||

74. Iya mêngko manawa ana kang prapti | Ni Cênthini sigra | lan Monthèl maring tatêgil | tyas kadya andhandhanggula ||

671. Dhandhanggula

1. Yata wau kang mahawèng margi | sira rêke Ki Bayi Panurta | Malarsih Malangkarsane | Pariminta Mongsantun | (n)dulur ring pagalêngan sami | nglintangi patalunan | patimunan agung | pasêmangkan pajagungan | pakêtelan pajanganan angêmohi | sangkêp saliring pala ||

2. Padhawuhan pinirik ing sabin | tirta saking sêndhang Kalampeyan | anjalatundha bêngbênge | ingkang toya pinêcut | nikung anjog balumbang masjid | toya wêning angaca | pakiriyanipun | tulaking toya wurukan | pan tinuntun tinutus pêncar ngubêngi | ring natar pakêbonan ||

3. Sarèwèyan kinirih pinalih | mratêlu myang prapat mara-lima | kinarya lêb pakitrène | kèh pasidhating ranu | pan pinara-para

--- 11 : 194 ---

pinurih | ambuncang pasukêran | sajroning ngadhusun | têpunge toya pinara | nêmpur wè kang ngubêngi dhadhah desakidesèki. | winutah maring sawah ||

4. Dadya gadhuning pangolah sabin | pasitèn mêmbut komplotan toya | marma tan ana mangsane | panèn ngurit gumadhung | gumarêbêng angêmping kuning | gumundha kumawulan | rumêgat mung tandur | kang lagya tamping galêngan | miwah (ng)garu maluku anglêr anglilir | tulus kalis ing ama ||

5. Santri Monthèl lan wadon Cênthini | samya kinèn marang patêgalan | ngalap pala-kasimpare | myang jajangananipun | pan kinarya sugatèng tami | Santri Monthèl tan wikan | badhe tamunipun | Cênthini ngling mring kang lanang | kaki Monthèl sapa kirane kang prapti | dhayohe Mangunarsa ||

6. Yata iku têka ambungahi | wikan wahananing lamating tyas | inggar bêgèr atênggarèng | wus kadya duk katèngsun | maksih anèng Manamartèki | Monthèl nauri sabda | dandanan wong iku | rasa susah uga bungah | sapa idhêp ing mêngko barang pinanggih | lah wus payo mring têgal ||

7. Nulya simpangan parannirèki | Santri Monthèl mring salèring jurang | Cênthini maring palastrèn | pèrènging Jurang Jangkung | kae Monthèl andhudhuk linjik | kênthang timun sêmangka | ambêliki ngundhuh | ngiras angadhuk tanêman | ingkang durung mangsa winatun dhinangir | kangèlan ingurugan ||

8. Ki Monthèl kagyat (ng)gyannira ningali |Lebih satu suku kata: Ki Monthèl kagyat (ng)gyannya ningali. uninga mangke tiyang lumampah | andongong Ki Santri Monthèl | wong kalimèstri (n)dulur | arantaban dènnya lumaris | yèn ngucapa ing nala | wong ngêndi bayèku | patute kalêswan lampah | baya adoh wismane ingkang lumaris | sêmune wong ngawirya ||

9. Sangsaya kaparêkan ing margi | patalunan margèng pagalêngan | malipir pagêr risike | wuluh miwah parumpung | lanjar karang kara kacipir | kacang bayêm wohira | rumawe alandhung | ramya wong agusah-gusah | anèng gubug agonjèng kêncangan sawi | sarwi agêgêtakan ||

--- 11 : 195 ---

10. Pêksi gulathik bondhot prit pêking | atêtêban niyup yang-uyangan | kasulak-sulak ibêre | kèh rarya (n)don aguyub | pan angundha layangan sami | miwah masang ubêngan | kapracondhang asru | barung sundari sawangan | sru angèrèng lir tangising byatning asih | mangkana kang lumampah ||

11. Lumintang ing têgal pinggir margi | Ki Santri Monthèl awas tumingal | nora pangling pandulune | lamun Kiyai Guru | Panurta ing Wanamartèki | gupuh sèlèh paculnya | gya amapag laku | gugup matur pandêlopan | dhundhuh. (n)Jêng Kyai bageya punapa inggih | Kae Bayi Panurta ||

12. Kang sinambrama nganthuki angling | e e lolah apa ta iya-a | sira iku Santri Monthèl | lamun nora kalèru | matur inggih inggih no inggrih§ Prayoginipun / non-inggih /. | Santri Monthèl kawula | duk kala rumuhun | kautus mring Wanamarta | Kae Bayi Panurta mèsêm dènnya ngling | padha kasêlamêtan ||

13. Sinung salam Monthèl atur bêkti | amba kinèn maring patêgilan | ngambil pala sawontêne | lah suwawi alaju | (n)jêng paduka kawula-irit | Ki Bayi sukèng driya | lah ya sunnut-pungkur | pacul kimpule tinilar | ekal-ekal Ki Monthèl lumakyèng ngarsi | gya yun nguwuh rabinya ||

14. (n)Dungkap padhadhahaning desèki | lorahing marga rêsik arata | dhasar padhas alus wêdhèn | sandhaping wrêksa rahu | palindhungan janma aninis | miwah wong alêlampah | araryan ing ngriku | Monthèl nimpang lampahira | matur dalêm kèndêl sakêdhap nèng ngriki | kawula yun ing jurang ||

15. Sigra mring patêgalan palêstrin | nguwuh-uwuh marang rabènira§ Prayoginipun / rabinira /. | lah rubiyah dipun-age | (ng)gyannira ngundhuh-undhuh | mareneya ngong pituturi | wadon Cênthini sigra | mara dipun-uwuh | saryajar lah ana paran | sêlak-sêlak wong lagi ngundhuh kacipir | terong kara lan kacang ||

16. Ki Monthèl angling payo dèn-aglis | mêngko apa ta ora ana-a |

--- 11 : 196 ---

nulya lumakya ge-age | duk sangandhaping rahu | Santri Monthèl angling mring rabi | dulunên kae sapa | nèng sasoring rahu | Ni Cênthini datan samar | yèn Kiyai Panurta lan Malarêsmi | prapta ing Wanantaka ||

17. Gugup dènnira amêlayoni | pangundhuhanira kabèh wutah | suprandene tan tinolèh | sarya anangis asru | Ki Panurta Malar samya ngling | kakang Cênthini sira | mareneya gupuh | kang ingawe dharakalan | atur bêkti sarwi sambat awor tangis | adhuh bêndaraningwang ||

18. Tan anyana lamun praptèng ngriki | kadya pêjah amanggiha gêsang | tuwan uning kawulane | Ki Bayi angêmu luh | miwah Nikèn Malar anangis | kagagas driyanira | marang putranipun | tur lagya uning kewala | mring Cênthini lir amêcaha kang ati | mêtu ing palambungan ||

19. Saking ciptanya geya pinanggih | ing putranya kang samya nis paran | lir wus sumandhinga linggèh | Malarsih ngling maksih luh | wus linggiha kakang Cênthini | sokur salamêt sira | bisa atêtêmu | Ki Bayi alon ngandika | lan wus payo Monthèl larapêna mami | marang bêndaranira ||

20. Mangunarsa ingkang andarbèni | padhukuhan ya ing Wanantaka | Ki Santri Monthèl nulya ge | angirit lampahipun | gupuh angling mring rowangnèki | jupukên paculingwang | lawan kênthang kimpul | maksih kari anèng têgal | lan janganan kang wutah iki nèng siti | lah age kukubana ||

21. Ingong padha lagya wuh tur uning | marang Ki Sèh Adi Mangunarsa | kang tinutur mentar age | Ki Monthèl sigra laju | anèng ngarsa lawan Cênthini | Kae Bayi Panurta | lan rubiyahipun | ciptanira jroning nala | putranira Tambangraras Amongragi | Jèngrêsmi Jayèngraga ||

22. Panggih nèng wisma sadayanèki | têka mangkana graitanira | kang mara-tamu lampahe | prapta ing korinipun | Santri Monthèl turira aris | dalêm kèndêl sakêdhap | kewala nèng pintu | kawula matur putranta | kang ngaturan tan lênggana samya nganti | nèng kori paregolan ||

--- 11 : 197 ---

23. Santri Monthèl lan wadon Cênthini | praptèng ngarsa matur kutawèlan | punika ramanta rêke | Ki Bayi Panurtèku | lan ibunta Nyai Malarsih | kalawan mitra-tuwan | Ing Ngardipalèku | Malangkarsa Pariminta | Amongsari dadya tamu gangsal èstri | samya minta pangguha ||

24. Mangunarsa mèsêm ngandika ris | kangèlan têmên (ng)gyannira pajar | wus aywa angandhar rêke | aturana dèn-gupuh | ywa kasuwèn anèng ing kori | Ki Monthèl sigra mentar | angaturi tamu | Mangunarsa mêthuk lampah | madyèng natar Ki Monthèl angancarani | sigra kang ingaturan ||

25. Wus tumama salêbêting kori | praptèng natar gupuh Mangunarsa | ngaturan laju lênggahe | anèng paningratipun | wus samêkta gêlaranèki | gya samya tata lênggah | Mangunarsa kantun | dènnya lungguh anor-jiwa | atur bêkti salam mring Kiyai Bayi | miwah mring ibunira ||

26. Samya tur pambagyaning basuki | nulya asalam mring mitranira | Kae Sèh Malangkarsane | gantya andana sukur | gantya salam mring Amongsari | miwah mring ParinmintaPariminta. | lah pambagyanipun | Mangunarsa malih mojar | mring santrinya lah Monthèl inggalna aglis | riningong Anggungrimang ||

27. Lan rabine Nikèn Rancangkapti | Ki Santri Monthèl gya lumampah |Kurang satu suku kata: Ki Santri Monthèl agya lumampah. angenggalakên lakune | papaging Jurang Jangkung | matur jêngandika dèn-aglis | rakandika tamuwan | mara-sêpuhipun | (n)Jêng tuwan Sèh Amongraga | lan kang ibu mitranta Ngardipalèki | Malangkarsa Mongsêkar ||

28. Pariminta dadya gangsal èstri | marma andika kinèn enggala | Sèh Anggungrimang wuwuse | lah iya kakang sukur | payo gêgancangan lumaris | tan dangu lampahira | praptèng dalêmipun | ingawe marang kang raka | yayi Anggungrimang lan rabinirèki | ing kene alungguha ||

29. Kalihira nêmbah lunggyèng ngarsi | Ki Mangunarsa aris ngandika | ngabêktiya ing rama ge | myang mring ibunirèkiGuru lagu seharusnya: 8u, myang mring ibunirèku. | kang liningan sigra ngabêkti | salam matur§ Prayoginipun / atur /. pambagya | miwah maring [ma...]

--- 11 : 198 ---

[...ring] ibu | winangsulan karaharjan | gantya ri kang Rancangkapti angabêkti | mring rama ibunira ||

30. Nulya mring pra mitranya waradin | sasalaman samya gantya-gantya | wus tata palungguhane | Mangunarsa lingnya rum | Rancangkapti lah sira yayi | ngruktiya ngukus pala | pasugatèng tamu | kang kinèn mentar sing ngarsa | Kae Mangunarsa awêcana aris | mring Ki Bayi Panurta ||

31. Punika putra paduka sami | ingkang sêpuh Kae Sèh Mongraga | nuntên kawula wiyose | èstri warujunipun | Rancangkapti kasemah dening | Kae Sèh Anggungrimang | punika kang mêngku | sira Ki Bayi Panurta | ngling andonga sukur Alkamdulillahi | mugi tulusa krama ||

32. Semahipun ki jêbèng punêndi | Mangunarsa mèsêm aturira | wondene kawula rêke | dèrèng parêng panuju | wontên karsanira Hyang Widdhi | amba langkung sumarah | takdiring tumuwuh | karsaning sira Pangeran | apan dèrèng ambukakênambukakkên. ingkang kapti | babing asêsemahan ||

33. Kae Bayi anyathêt ing ati | lamun sira Kae Mangunarsa | ahli wadad agamane | lawan pribadinipun | angluhurkên têtêsing ngèlmi | purbaning rèh kasidan | luhunging tumuwuh | wasana alon ngandika | Kae jêbèng inggih rêke rèyang riki | tumêkèng Wanantaka ||

34. Nuntên pituduhing janma luwih | rèyang ngaruruh wêka kang kentar | nèng Wanantaka sanane | Amongraga kang dunung | lawan Tambangraras kang rabi | malih tumutur kentar | rinta kalih jalu | Jayèngrêsmi Jayèngraga | sarabinya Turida lan Rarasati | samya nis ngendra§ Prayoginipun / mendra /. paran ||

35. Cipta rèyang panggiha sawiji | bapak prasasat panggih sadaya | makatên cipta-ngong rêke | marma ibunta tumut | ngendra§ Prayoginipun / mendra /. paran tan etang wuri | ing ngarsa pringgabaya | durgamaning ênu | mahas ing wana wulusan | papèngpraptèng. marga nguncal anjalak pandêling | ngundar suta kang kendran ||

--- 11 : 199 ---

36. Têmah ing mangke reyang papanggih | lawan Kae jêbèng ingkang muga | nuduhna kakanta (ng)gyanne | nêdha tumuntênipun | panggih reyang kantaring kami | wau Ki Mangunarsa | mindu§ Prayoginipun / minggu /. tan na muwus | Ni Malarsih duk tumingal | mring Kae Sèh Mangunarsa tan kêna ngling | Malarsih ngêmu waspa ||

37. Marawayan lumuntur ngusapi | Nikèn Malarsih ciptaning driya | têndo yèn kaya sabêne | tan na wêkasanipun | anggung gawe sinungan warti | warta kang nguyawara§ Prayoginipun / ngayawara /. | têmah tanpa dunung | ngur baya aja na warta | tutur gawe pangarêm-arêming ati | tan ana yêktinira ||

38. Mangunarsa uwus ngudanèni | marang kang ibu-saciptanira | sabil tafakur driyane | ngungun ciptaning kalbu | anor panarimanirèki | mungguh kawulaning Hyang | mukmin wadon iku | apês-apêsing kawula | katujune kita tan tinitah èstri | tinitah mukmin lanang ||

39. Tan sinungan santosa ing budi | (ng)gujih maring panggodhaning setan | salang-surup pangajake | cupêt pangandêlipun | dalil parêk maring Hyang Widdhi | iki jalmringjalma. utama | parêking ngalulut | tan tawêkal cobaning Hyang | marma èstri tan winênang angimami | saking takyuring iman ||

40. Sira wau Nikèn MularêsmiMalarêsmi. | parêmbeyan umatur ring raka | (n)Jêng Kyai paran ta rêke | putranta (ng)gyan dumunung | dene datan wontên kaèksi | pundi malih winarah | sasananing sunu | Kae Rundaya lingira | sarwi kaca-kaca locananirèki | lah nyai sarèhêna ||

41. Durung kêna kinira yèn sêpi | ing patanyan pan durung winêdhar | ring sabda kajatèhane | ywa sira tyas kêsusu | (m)bokmanawa tumêkèng sisip | kasaping pangudinta | gangsuling pamuwus | halating sira Pangeran | kang pracaya marang lantaring pandêling | rêngkuhên dutaning Hyang ||

--- 11 : 200 ---

42. Malangkarsa nambung nêmbranani | alêrês rêke ingkang mituwa | rakanta paman sojare | rèh-rèhayuning§ Prayoginipun / rèh rahayuning /. ngèlmu | aywa kirang pangandêl bibi | mum kewala ing priya | tan na lating kalbu | mugi bibi anrah karsa | marang Kae jêbèng Mangunarsa singgih | kang pracaya ing driya ||

43. Rèrèh tyasira Nikèn Malarsih | sinambramèng sabda ring kang putra | marang karsa panglêjare | Ki Bayi Panurtèku | anor alon ngandika malih | marang Sèh Mangunarsa | kadi pundinipun | wau patanyan manira | iki jêbèng mugi asunga pandêling | wêlasa ing apapa ||

44. Sèh Mangunarsa turira aris | paman Kiyai Bayi Panurta | lamun parêng ing karsane | sasêlot-sêlotipun | yèn kawula bilih manawi | sagêd yèn umatura | kang saèstunipun | kang parlu prasasat sunat | aprayogi arêbat wêktu rumiyin | mangkya lamun wus bakda ||

45. Samya raraosan ingkang kinapti |Lebih satu suku kata: Samya raosan ingkang kinapti. lamun wontên pitulung Hyang Suksma | dhatêng paduka kalihe | lah suwawi awêktu | kang ngancaran rahab samya ngling | inggih langkung utama | rêbat parlunipun | nulya samya mring pahèran | samya salat Ngasar anèng masjid alit | suro panêpènira ||

46. Para sêpuh ngancaran ngimami | tan na karsa kêdah mum kewala | Sèh Mangunarsa nulya ge | majêng ngimami wêktu | marêngakên niyating takbir | -ratul ikram upama | lir curiga kunus | cèplêse manjing warangka | datan inong panjinge lir wingi uni | rapêt tan ana rênggang ||

47. Wus antara têrtibing ngabêkti | catur rêkangat tahyat akirnya | asalam bakda salate | muji myang dhikiripun | donga limang wêktu sinuci | paragat salirira | sasalaman gupuh | santri mudhun saking langgar | pra ngulama taksih laju tata linggih | nèng palanggaranira ||

48. Ki Sèh Mangunarsa matur aris | mring rama Kae Bayi Panurta | ririh aturira rêke | wau paduka nêngguh | angandika tatanyèng

--- 11 : 201 ---

kami | putranta Sèh Mongraga | saha grahanipungarwanipun. | sira Nikèn Tambangraras | sasananya putra-paduka ing mangkin | sênêt nèng pamêlêngan ||

49. Jurang Jangkung pamidikanèki | tambwèng pulo sela Palanggatan | nèng ngriku piningitane§ Prayoginipun / pipingitane /. | akèrêm ing ngasamun | awak suci abangsa latif | tan kèngang yèn ginanal | kalawan pandulu | ing sawênyahing paningal | wus nugraha purna kasidanirèki | nèng jaman kasampurnan ||

50. Yyan paduka sayêkti sêdyapti | apêpanggya lan para putranta | tan kèngang ginanal ing rèh | kêdah surup ngalêmbut | sarat alambaran subrangti | angêningakên karsa | sanalikanipun | kang lir rasaning angidham | pan kumêdah makatên ingkang supadi | wontên pitulunging Hyang ||

51. Lamun datan makatêna ugi | yêkti datan panggya kang sinêdya | ing lair dede lambunge | lamun parênging kalbu | rêke mangke kewala yèn wis | ing wêktu bakda Ngisa | amba angsung dunung | mangke paduka tirakat | anèng Jurang Jangkung palanggatirèki | putranta Sèh Mongraga ||

52. Lawan Tambangraras ku rênèngsih | anèng pulo sela Palanggatan | ing ngriku (ng)gyanta kapanggèh | ananging lamun durung | putra tuwan suwe tan panggih | antara ing sadina | kalih dintênipun | tri dina têkèng sêpasar | nadyan langkung sapêkênipun upami | dèrèng wontên papanggya ||

53. Kang punika tur-kula Kiyai | lawan ibu aywa sêlan tampa | katimpah ing subrangtine | driyanya kang sumungku | ngarsa-arsa ayun papanggih | linambar tarak-brata | êkas siyang dalu | anèng Jurang Pajangkungan | asêmadi supadi enggal kapanggih | lawan para putranta ||

54. Karantênipun makatên ugi | sampun saèstu jalaranira | ahli luhung fakufune | kêdah anrang pandulu | ing ngasêpi mêmêlêng kapti | manawi tan katimpah | ing niyat lyanipun | anungge kalawan [ka...]

--- 11 : 202 ---

[...lawan] karsa | inggih kadi-kadi insa Allah ugi | dhatêng ingkang sinêdya ||

55. Samya tumungkul ingkang alinggih | myarsakkên lingira Mangunarsa | mungguh tingkah patêmone | Ki Bayi Panurtèku | lawan sira Nikèn Malarsih | lir latu ingêmpanan | dinamonan murub | sukur suka ing ngabrangta | cipta têkèng pralaya yèn tan papanggih | lan putra samadaya ||

56. Kae Bayi angandika aris | ênggèh Kae Jêbèng Mangunarsa | rèyang wus sumarah ing rèh | punapi ingkang tuduh | rèyang datan lêngganèng kapti | sumêdya têmah lena | linabuwèng ênu | tan kumêdhap ing babaya | amêng rêke kewala pangguha dening | para kaka-kakanta ||

57. Wus mangkana kang agunêm angling | Ki Sèh Mangunarsa anêmbrama | ngaturi mring pawismane | kang ingancaran gupuh | samya mudhun saking ing masjid | prapta tata alênggah | nèng paningratipun | samêkta sasajinira | Mangunarsa ngandika marang kang rayi | lah Rancangkapti sira ||

58. Lamun wus (ng)gyannira ngukus nuli | yayi sira saosna ing ngarsa | ingkang liningan ge-age | mentar sing ngarsa nuduh | pawongira Darêman aglis | Cênthini lan lakinya | Ki Monthèl abikut | anampa rampadanira | Rancangkapti ngirit rampadan nèng ngarsi | nyangking kêndhi pratala ||

59. Praptèng ngarsa rampadan sinaji | bubucu munggèng panjang giri bang | lawuhan nèng lancarane | jangan pindhang nèng tuwung | opor bèbèk basêngèk pitik | batutu êtim dara | age (m)pal (m)puk duduh | dhèndhèng gêpukan gorèngan | panjèn ragi sujènan sêrêgan ati | tuntut kalêmon limpa ||

60. Gadhon gêndhon ayam krupuk pêtis | samsambêlansasambêlan. lan lalab-lalaban | mawarna lalawuhane | sawusira rinamut | Ki Sèh Mangunarsa ngling aris | sumangga wawantingan | adhahar sananjung | nulya samya wiwijikan | Kae Bayi Panurta lan Ni Malarsih | datan karsa anadhah ||

61. Ki Sèh Mangunarsa ngancarani | sumangga hyun paduka anadhah | miwah sadaya ature | nambrama bukti kêmbul | Kae Bayi

--- 11 : 203 ---

nauri aris | ênggèh jêbèng kang muga | wontên maklumipun | myang kang pra bukti sadaya | ingkang sami rahab dumugi nadhahi | rèyang lagya asunat ||

62. Kadhatêngan patuwuking bukti | marma ing ngriku kewala nadhah | reyang pradikakna rêke | sadaya nor umatur | pangapuntênipun Kiyai | nauri lah Bismillah | aywa wancak kalbu | nulya samya lêkas nadhah | datan sami pikantuk kang sami bukti | dhasar tan ahli nadhah ||

63. Lir wong ngicip-icip sadayèki | tan pantara dangu aluwaran | gya cinarikan ambênge | sinungkên pawong pungkur | -rira Anggungrimang wargèki | samya kinèn anadhah | kulawangsa pitu | Ki Piturun Martaduta | Palakarti Saloka Salodha tuwin | Drêmadana Prakosa ||

64. Pan warata santri jalu èstri | samya amangan lorodanira | pinarutah sadayane | Ni Rancangkapti gupuh | ngêjokkên dhadharanèki |Kurang satu suku kata: ngêjokakên dhadharanèki. cinarikan ingalap | nyanyamikanipun | samya ngambil sasênêngnya | Kae Bayi Panurta ngandika aris | mring Ki Sèh Mangunarsa ||

65. Yèn pinarêng jêbèng ing karsèki | mugi jêbèng reyang tuduhêna | ing Jurang Jangkung prênahe | manira yun mituhu | ênggèh ing saparahing§ Prayoginipun / sawarahing /. tuding | sapunika kewala | maring Jurang Jangkung | ing pulo Sela Langgatan | mupung masih wontên siyange sakêdhik | Mahrib rika kewala ||

66. Ki Sèh Mangunarsa matur aris | inggih sumangga Alkamdulillah | kawula anguntapake | Ki Bayi lon amuwus | lah wus payo sira Malarsih | age sira dandanna | pagendhonganamu | Malarsih nulya samêkta | Kae Bayi minta mit ingkang alinggih | samya asasalaman ||

67. Sarya nêmbrama saha pupuji | Ki Malangkarsa Sèh Anggungrimang | Pariminta Mongsarine | samya nêmbah jumurung | (n)dan umangkat samya ngudhuni | umiring sadayanya | anèng pungkuripun | têkèng sêndhang Kalampeyan | Malangkarsa Pariminta Amongsari | miwah Sèh Anggungrimang ||

--- 11 : 204 ---

68. Sakulawangsanira pra sami | kèndêl tarap nèng têpining sêndhang | sêdyèng ngriku sadayane | dènnya nguntapakên laku |Lebih satu suku kata: dènnya nguntapkên laku. ingkang laju mring Jurang Miling | pulo Palanggatira | Sèh Adi Mongluhung | wau kang sêdya amara | Kae Bayi Panurta Nikèn Malarsih | katri Sèh Mangunarsa ||

69. Monthèl Cênthini nulya umiring | lumadi saliring tirakatan | ngrukti rabuk padupane | upêti mêrang landhung | Ni Cênthini lumakyèng ngarsi | angirit lampahira | marang Jurang Jangkung | kang sêdya sumungku ika | tan antara dangu lampahira prapti | ing Pulo Palanggatan ||

70. Tumurun jurang calangapnèki | nabrang pakiriyan kali asat | kèndêl mahèr astutine | wusnya sotya wè wulu | nêtêr ing pangundhakirèki | Kae Bayi Panurta | lawan garwanipun | ngungun wuryaning ngasrama | atêtaman tanduking puspita minging | kasilir ing maruta ||

71. Têka mangu lampahira kalih | kamarutan kang amawa ganda | lir srêbêt sêkar gêlunge | Tambangraras ing dangu | duk maksih nèng Wanamartèki | kalihe ngêmu waspa | karantan ing kalbu | praptèng tirahing ngasrama | nèng sasoring wrêksa rêjasa kêtangi | payoman ing gigilang ||

72. Anèng ngriku dènnira alinggih | sakeringe sela sumayana | Monthèl ngujurkên widhige | wus samya prênah lungguh | Mangunarsa wacana aris | paman atur kawula | kang punika wau | mugi-mugi kang kadriya | saking asru wulangan paduka kalih | dadya jalaring nala ||

73. Lamun datan pepeka ing kapti | anduwa-duwa osiking driya | kang wus kêncêng ing ciptane | punika rubeda gung | panggraita kang mawa nisir | anyupêt pangandêlan | -nipun ing Hyang Agung | dadya amanggih pacuwan | sêne marang pandamêl kang wus utami | tuwas ngikal kangelan ||

74. Saking dèntên kawula puniki | (m)bokmanawi bibi kikirangan | saking cupêt piyandêle | ingkang puniku sampun | kêdah rila maring subrangti | kang datanpa karana | panêlangsanipun | nuwun ing sira Pangeran | poma ibu kang awêning ing pandêling | nanêdha ing Hyang Sukma ||

--- 11 : 205 ---

75. Kalawan cipta ingkang lêstari | Nikèn Malarsih saha wêcana | mugi tuwan pandongane | kinuwatan ing kalbu | amituhu sarèhing tuding | Kae Bayi Panurta | ngling mring garwanipun | iku prasasat idayat | sawuwuse Ki jêbèng Mangunarsèki | aywa ninang ing sabda ||

76. Nikèn Malarsih sanggêm tyas êning | dènnya wus padhang tan kumalèndhang | Sèh Mangunarsa sabdane | aris dènnya amuwus | lamun sampun paman Kiyai | lah paduka kantuna | tashuding Hyang Agung | nèng sasana pamindêngan | mugi kadhatêngana ciptaning kapti | saking pitulunging Hyang ||

77. Kae Bayi Panurta ngling aris | ênggèh Kae jêbèng Mangunarsa | reyang wus tilarên rêke | mung pandonganira lul | maring Suksma kang murah-asih | anulya sasalaman | miwah maring ibu | samya mangastitèng nala | Mangunarsa kalilan nulya umulih | Santri Monthèl rowangnya ||

78. Gagancangan dènnira lumaris | kawatir wus akir wêktunira | manawi êpot Mahribe | tan dangu lampahipun | praptèng sêndhang Kalampèyanèki |Lebih satu suku kata: praptèng sêndhang Klampeyanèki. Mangunarsa ris nabda | mring kang samya ngantu | wawi ing masjid kewala | rêbat parlu ingkang liningan agipih | mring masjid samya salat ||

79. Santri kathah pujiyan anganti | marang imam nulya kinamadan | Sèh Mangunarsa imame | santri jalwèstri makmum | dènnya samya asalat Mahrib | yata wau kang lagya | anèng Jurang Jangkung | sira Ki Bayi Panurta | lan kang garwa katri lan wadon Cênthini | minta mahèran kadas ||

80. Anèng pawidhingan (ng)gyannya bêkti | wusnya sunat nulya ngangkat kamad | anjênêngakên salate | amusthi niyatipun | pinarêkkên tibaning takbir | nirnakkên tingal jamak | kadya wong pakacub | ing ranu sirna agninya | wus purnaning tan kari sêpêlik gêni | padhêm tan kalabêtan ||

81. Datan pae Nikèn Malarêsmi | nuwajuhkên êninging paningal | imam Pangeran têlênge | tan mèngèng driyanipun | Ni Cênthini sawusirèki | angrukti pakutugan | angambar kumêlun | nulya glis amakmum salat | wus antara pangabêktinirèng Widhi | Mahrib tumêkèng Ngisa ||

--- 11 : 206 ---

82. Wusnya paragat sunatirèki | laju patakur§ Prayoginipun / tapakur /. maring Hyang Sukma | anggantêr puji dhikire | ngèstokkên ing atuduh | saking byating wulangunnèki | ring putra kang sinêdya | pangguha ing ngriku | anèng unggyan pamêlêngan | apan datan cinatur kang mêlêng brangti | yata Ki Mangunarsa ||

83. Sabakdanira Ngisa pan maksih | anèng masjid agêng dènnya lênggah | Kae Sèh Malangkarsane | lawan Parimintèku | lawan sira Sèh Amongsari | kae Sèk Anggungrimang | Rancangkapti pungkur | myang pra kulawangsanira | Ki Piturun Martaduta Palakêrti | Prakosa Darmadana ||

84. Ki Salodha Ki Saloka alinggih |Lebih satu suku kata: Ki Salodha Ki Saloka linggih. têpung kapang ngarsèng pangimaman | sinaji nyanyiamikane |Lebih satu suku kata: sinaji nyanyamikane. jêruk sêmangka timun | pisang suluh nangka kuwèni | katela gantung maktal | langsêp lan kapundhung | srikaya pêlêm malowa | manggis duryan kimpul kênthang wi gêmbili | miwah olah-olahan ||

85. Gugurihan ingkang manis-manis | juwadahan myang kang galêpungan | adèn-adèn pangolahe | Mangunarsa amuwus | lah sumangga sami nyanyamik | nulya sami angalap | ing sasênêngipun | Ki Malangkarsa ris nabda | yayi Mangunarsa manira puniki | punapi ta kenginga ||

86. Yèn ta lamun papanggihan dening | rêke sang Sèh Adi Amongraga | paran manira jalare | karantêne puniku | duk manira nèng wisma mami | nuju wontên dhatêngan | Monthèl duk ingutus | tur surat mring Wanamarta | kampir marang dhukuh ing Ngadipalèki | sung surat mring manira ||

87. Dangiyahe salam maring mami | ijoaning srat ring Jayasmara | tuwin mring Jayèngragane | puniku sêmonipun | waliyolah wus ngdanèni |Kurang satu auku kata: waliyolah wus ngudanèni. kalle rêke punika | kula dèrèng pangguh | lan Sèh Adi Amongraga | sakalangkung manira angayun kapti | supadi apêpanggya ||

88. Sèh Mangunarsa nauri aris | inggih manawi langkung bêgyanta | kang sarèh kewala rêke | yèn kayunta ngayun hyun | adrênging sih sinihan sami | sami panujonira | mangsa kalanipun |

--- 11 : 207 ---

kadya lamun kasêmbadan | anging datan kingangkenging. dinadak ing kapti | kêdah anarèhêna ||

89. Malangkarsa anauri aris | yèn kadyèka yayi Mangunarsa | manira tan ayun mulèh | lamun ta dèrèng sinung | ing pangiksa ing Sang Khakiki | sun sumêdya iktikab | nunungku ing dalu | kewala nèng Wanantaka | Ki Sèh Mangunarsa anauri aris | sukur Alkamdulillah ||

90. Paduka jênêk wontên ing ngriki | yèn antuk sihira ing Pangeran | kadhatêngan ing kajate | Malangkarsa nor muwus | yayi bab masalahing ngèlmi | sampurnaning kasidan | roroning asatu | rimbag makluk lan Kalèknya§ Prayoginipun / Kaliknya /, saking Khalik. | kadipundi yayi paliringanèki | makluk makal Kalèknya ||§ Prayoginipun / Kaliknya /, saking Khalik.

91. Ki Sèh Mangunarsa ngandika ris | kakang Malangkarsa kang punika | ing basa langkung rungsite | angèl lêlèjêmipun | yèn kaprèncèt aniniwasi | murungakên kadadyan | kadadèning wuwus | tan waskitha ing wêkasan | sêbabipun basa punika tan kenging | ginalak ginagampang ||

92. Malangkarsa nor dènnira linggih | Sèk Mongsari lan Sèk Pariminta | andhêku ngapurancange | Anggungrimang tumungkul | Rancangkapti angangsêg linggih | mèpèt keringing raka | Sèh Mangunarsèku | myang sakulawangsanira | Ki Piturun Martaduta Palakarti | Saloka lan Salodha ||

93. Ki Prakosa lan Darmadanèki | sumungkêm lir konjêm ing pratala | tan akêcap sadayane | samya angalap wuwus | surasane ngilmu ginati | tan na-wèwèng ing nala | anunggèng pangrungu | Ki Malangkarsa ris nabda | kae jêbèng mênggah palimpinganèki | ing kajatèanira ||

94. Ki Sèh Mangunarsa lingira ris | inggih kakang Kae Malangkarsa | andika tampa-a rêke | prèjènganing ngalêmbut | langkung tanggapirèng pangèsthi | ing ngilmu kang minulya | ginraitèng kalbu | mungguh makluk makalira | têkèng Kalèk§ Prayoginipun / Kaliknya /, saking Khalik. kongsi nir makalirèki§ Prayoginipun / makalira / [sudah betul: 12i]. | Kalèk§ Prayoginipun / Kaliknya /, saking Khalik. pribadinira ||

--- 11 : 208 ---

95. Kadya parusi tinunwèng agni | parusi nir kênthêling rurupa | têmbaga sari dadine | pinurba ing mas tatur | rambah tunu winor ing kowi | linawus ing ngarrêngan | ginênèn agni gung | luluh roroning atunggal | dadya Kalèk§ Prayoginipun: Khalik. tan ana wujud kêkalih | purba-pinurbasesa ||

96. Makluk aranning kawula yêkti | makal ênggon tilaming atunggal | Kalèk§ Prayoginipun: Khalik. Hyang Widdhi têgêse | yèn wus kadya puniku | makluk kang wus abadan Gusti | tan wor (ng)gwanning sarupa | pribadi (ng)gyannipun | tan kengang yan ginagampang | mung dhèwèke kewala kang anjumbuhi | tunggal sira Pangeran ||

97. Wus suwasa tan aran kakalih | rukmi têmbaga tan winicara | ro dadya sawiji nungge | nir sangkan parannipun | bakal rukmi tan dadi rukmi | bakal têmbaga datan | dadya têmbagèku | tan na ran-aranning bakal | kadya rahsaning lanang rahsaning èstri | cawuh jatining rasa ||

98. Dadya martabat nurbuwah latif | insaniyah la takyun pinurwa | tumêkèng insan kamile | nèng makaling alimut | ran mukamadiyah ginaib | wus sinung kuwasèng Hyang | mijil aran makluk | rambah arannya kaping pat | datan liyan kang wujud dhirinirèki | pan misih mula juga ||

99. Tinggal bakal awal rannirèki | tan ran rasaning èstri lan priya | makotên saupamine | liring angèl puniku | luput tanggap panganggêpnèki | badan kita punika | anggêpe sinêngguh | mangeran kang Maha Mulya | budi kita puniki rêke dinalih | makluk aran karijah ||

100. Pan punika ingkang niniwasi | nganggêp basa kasusu ing warta | kewala dèrèng nyatane | kaprècèt dadya lacut | pêcat ciptanira kang titis | lir sawung matarangan | antigannya uwuk | tan ana nêtês sajuga | sabab dening êndhoge tan dèn-angrêmi | pêcah abilarungan ||

101. Pêngrasane antiganirèki | bisa nêtês tan lawan ngangrêman | saking luput pandaliye | apan sampun saèstu | ayam sagêd nêtês [nê...]

--- 11 : 209 ---

[...tês] kèh kêdhik | makatên malih jalma | sagêd nguwus ngilmu | anging amuwus kewala | pangangrême ing tokit tan dèn kawruhi | têmah wigar anggagar ||

102. Sêdhêng samantên kewala lining | langkung dhaup ing graitaniggraitaning. tyas | pan lagya rarasan bae | tan têmu ing tumuwuh | rèhning samya tabakultalabul. ngilmi | sira Ki Malangkarsa | suka sru gumuyu | wruhing lêlèjêming basa | mangsa Karo winijil mangsa Dhêsthèki | asangkrib ing kêkêran ||

103. Tan kêna pinêthit ing kayêktin | lyan kang samya cathêt ing wardaya | Malangkarsa Gungrimange | sadaya samya kadung | kadung tanggapira ing ati | mêmête kang upama | kelangan pangrungu | tyasnya tampa uga ora | Rancangkapti lantip barkating pawèstri | kadung dungkapira ||Kurang satu suku kata: kadung andungkapira.

104. Pan wus ahlinira janma lêwih | tan amêdhar jatining kêkêran | amung pinarlambang bae | ing lêlèjêming sêmu | lir amilis mina jro warih | ewuh sananing kêdhap | tan kêna dinunung | liyane janma kang wus man | tan kasêlan surup kalêmpiting kapti | sutêsnasutrêsna. brangtanira ||

105. Têngah dalu wayahe kang wêngi | Ki Sèh Mangunarsa lon wacana | punapa mangke karsane | sêdhêng lalêswan dalu | nuduh pawongira pawèstri | Darêman kinèn sigra | ngambil kêlasa lus | lan singêp kajang sirah bang | kang liningan Darêman tan dangu prapti | naoskên pasareyan ||

106. Wus pinarnah gêgêlarannèki | Ki Sèh Mangunarsa aris nabda | kakang Sèh Malangkarsane | kula turi anjunjung | anèng masjid kularsa maring | natar nimpar asunat | sakêdhap ing dalu | sira Monthèl rumêksa-a | lamun ana karsane sira dèn aglis | aywa kuciwèng karsa ||

107. Matur sandika ingkang sinung ngling | Sèh Anggungrimang alon wacana | lah kakang Malangkarsane | kawula amit mantuk | jêngandika kantunna guling | kewala benjang-enjang | kula-turi rawuh | marang pawisma kawula | Kae Malangkarsa anauri aris | insa Allah kewala ||

108. Nulya aluwaran kang alinggih | samya sasalaman gantya-gantya | Sèh Mangunarsa nulya ge | nimpar mring Jurang Jangkung |

--- 11 : 210 ---

waktu saur wancinirèki | nèng sêndhang Kalampeyan | pamidikanipun | wau Ki Sèh Anggungrimang | angling marang kulawangsanira sami | lah kakang Drêmadana ||

109. Lawan Martaduta Palakarti | Prakosa lan Piturun kariya | wong lima anènga kene | Saloka Salodhèku | kang amilu mulih ing mami | kang liningan sandika | wong lilima kantun | rumêksa Sèh Malangkarsa | Anggungrimang pamit tur salamirèki | miwah Ni Rancangkaptya ||

110. Wusnya salaman katrinirèki | nulya sami lèngsèr palungguhan | miwah Ni Rancangkaptine | mudhun sing masjid agung | mulih ngidul mring Wanasari | ingiring pawongira | obor anèng ngayun | Jurang Jangkung kalintangan | pan wus têkèng brang kidul ing Wanasari | praptèng pawismanira ||

111. Tan winuwus ing ratrinirèki | pan cinatur Ki Sèh Malangkarsa | anèng ing Wanantakane | apan tinamu-tamu | kurmatira raina wêngi | anèng lèr tan kuciwa | pasugatanipun | tansah rasan ngèlmi rasa | atêtêlon Kae Sèh Mangunarsèki | Malangkarsa Gungrimang ||

112. Lamun nèng kidul nèng Wanasari | sinuba-suba ing pasugata | kalangkung rahab kalihe | yata ingkang cinatur | wau sira Kiyai Bayi | kalawan garwanira | anèng Jurang Jangkung | ing pulo Sela Langgatan | lan Cênthini sabên sawayahing bukti | kinirim rarampadan ||

113. Anging Kiyai Nikèn Malarsih | datan arsa kinirim anadhah | pakirim winangsulake | myang nyamikan tan ayun | amung mucung ciptaning ati | dènnira ngarsa-arsa | rawuhe kang sunu | panggihe anèng Langgatan | wus andungkap tri dina tri dalu mangkin | tan mijil katingalan ||