Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

679. Pangkur

1. Yata Ki Sèh Mangunarsa | nalikanya alênggah anèng masjid | lan kang rayi katrinira | Kae Sèh Anggungrimang | Jayèngrêsmi Jayèngraga kapatipun | Turida lan Rarasatya | miwah Nikèn Rancangkapti ||

2. Bakda Ngasar wayahira | Ki Sèh Mangunarsa ngandika risKurang satu suku kata: Ki Sèh Mangunarsa ngandika aris. | lah ta yayi kalihipun | paran sèstu mamriya | sasana kang asimpar ngasrama samun | amamalad pangudiyan | nêrêp driya ing kadadin ||

3. Kang rayi kalih turira | pan sumangga ing rèh paduka tuding | sadrah tan lêngganèng kayun | kumambang rèhing karsa | kadi datan kalêmpit asung sih dunung | sapidak ing pitêkuran | kewala narimèng Widdhi ||

4. Sèh Mangunarsa ris nabda | singgih yayi lamun pamujyèng kapti | sakidule Jurang Jangkung | ra-ara Wanatawang | kadi-kadi dadya palaling adunung | nunungku mufid iptikap | panjurunganing ngaurip ||

5. Dènta yayi Jayèngraga | lamun parêng ing karsa anujoni | lor wetaning Jurang Jangkung | babanar Wanasonya | mungguh dadya pamaladaning awuyung | rèh kawayanging Hyang Suksma | tashuding jalma wirangi ||

--- 11 : 289 ---

6. Jayèngrêsmi Jayèngraga | lintang dènnya suka rênaning galih | sukur maring ing Hyang Agung | tan siwah ing panyipta | duk jiyarah antuk patitikanipun | singgih kang liningkên uga | ingkang dadya cuping ati ||

7. Lagya madyane ngasojar | yata wau Kae Sèh Amongragi | lan Tambangraras kadulu | para ari agêpah | samya mudhun mijil saking masjid agung | ngandika Sèh Amongraga | aywa na susah ngudhuni ||

8. Payo padha lulungguhan | yayi kalih suwawi sami linggih | ingkang liningan agupuh | samya tur bêktinira | Sèh Mongraga aris pangandikanipun | yayi kalih ing samangkya | paranning kang karsa yayi ||

9. Punapi murih sasana | dhukuh pajênêkan (ng)gyanning ngabêkti | patarukaning panungku | amêncar Pasimparan | Jayèngrêsmi Jayèngraga lon umatur | mugyantuka idin tuwan | ing kajad-kawula mufid ||

10. Rinta Ki Sèh Mangunarsa | suka tuding prênah unggyan panêpin | ing Wanatawang dènnya sung | kidul têpining wana | rinta yayi Ki Jayèngraga dinunung | patêgêran Wanasonya | kang kinèn anarukani ||

11. (m)Bing lèr-wetan tarap wana | Sèh Mongraga ngling sukur yayi kalih | kang tashud maring Hyang Agung | mulyèng tastyas. patitisnya | aywa kendran ing panyiptanirèng kalbu | kabuka lafaling§ Prayoginipun / palaling /. Sukma | ing pangantênganirèki ||

12. Kang rayi nêmbah kalihnya | nor tumungkul kadya konjêm ing siti | Sèh Mongraga ngandika rum | mring yayi sadayanya | ingsun iki mring sira yayi sung wêruh | manira sun-ajiyarah | mring ngasrama Wanawukir ||

13. Myang tasik parang paguwan | lêlêngkaning purwa pracima tuwin | utara duksinanipun | kakanta yun mèndraksa | ing ngawingit gêganalaning ngalêmbut | kang rayi samya anêmbah | kewala sumanggèng kapti ||

14. Jayèngrêsmi Jayèngraga | nêmbah matur alon mring Amongragi |

--- 11 : 290 ---

kalamun parênging kayun | kula yun anut pada | ring saparan paduka mèndra anglangut | amba tumutur ing tuwan | Sèh Mongraga ngandika ris ||

15. Punika yayi karsanta | yun tumutur manira tan suwawi | utami yayi akantun | truka yasa sasana | anèng Wanatawang Wanasonyanipun | parlu karya pamidikan | lamun dhauping pangudi ||

16. Ingkang rayi kalihira | kaluhuran ing sabda raka singgih | atur sumangga nrah kayun | kumambèngkumambang. karsèng raka | wusnya mojar sang sèh Adi Amongluhung | nulya sung pasalamira | mring kang rayi jalu èstri ||

17. Apupuji sukur ing Hyang | gantya-gantya para ri atur bêkti | samya angèstu jumurung | nulya Sèh Amongraga | lan kang garwa Nikèn Tambangrarasipun | amadal sing palungguhan | para ri samya ngudhuni ||

18. Kèksan têkèng Kalampeyan | tan antara umulat ing ngawingit | mulya ring jaman asamun | tan nèng padoning netra | nèng têlênging tingal pangatêring kalbu | pupuji sukur ring Suksma | piningit de ing pangikis ||

19. Yata Ki sèh Amongraga | lan kang garwa lêstari dènnya nisKurang satu suku kata: lan kang garwa lêstari dènnya anis. | ngayêngi ngasrama samun | nêlatah pa-angkêran | wana (ng)graning wukir Pakarêmanipun | têtêlênging kabuyutan | kang tan kapidak ing janmi ||

20. Patumang sangaring kisma | pa-aèngan tutulahing ngawingit | palayapaning ngawuyung | grênging wana guwarga | paluyutan dadya pangrasamanipunpangasramanipun. | sanggyan-gyan tinawan tapa | tan nana malang-sangkêri ||

21. Kèdran salêngkaning Jawa | ujung kulon lan ujung wetan nênggih | ujung lor lan ujung kidul | tan ana kalintangan | samya linampahan tan rêkasèng laku | kewala jlêg sanalika | lir pendah rasèng pangimpin ||

22. Tan kajawuh kapanasan | myang rasaning kasandhung tan ana mawi | alêstari ring sakayun | tan angèl ing pangkalan | tan na rasa rêkasa marlupa lêsu | kewala kalawan miyat | prapta saciptanirèki ||

--- 11 : 291 ---

23. Sang Sèh Adi Amongraga | lan kang garwa mendra tansah sarimbit | langkung sih-siniyanipun | saking sihirèng Suksma | ring sujanma kang wus mansoh among luhung | sinung kikmah tingal dunya | saèmba myat swarga akir ||

24. Kèni-ènining ruwiya | sinung pinta tingal akerat nênggih | kêlakon kang adi-luhung | kêdah kang kaendahan | ingkang mijil saking karamating kalbu | susungut swarga akerat | kikmah kadaring pangaksi ||

25. Wus kèngang uga kaèmba | èmba yêkti kayaktyaning kajatin | jatining tingal kang ngantuk | sih nugrahaning Suksma | tan prabeda lir nyawuk toya ing laut | wèka pinggir lan têlêngnya | rupa lan asine sami ||

26. Pandulwan dunya akerat | pamlêkahe karamat anyêkapi | gêgantunganing ngaluhung | kêkèksining pangiksan | miwah rasa surasa karasèng kalbu | nikmat karamatanira | tan saking banyu rijêki ||

27. Tuwuk saking sihing Suksma | suka saking kamurahaning Widdhi | sukur falaling Hyang Agung | narimèng kadaring Hyang | yata wau sang Sèh Adi Amongluhung | mendra langêning Tunjungbang | mangulon anurut tasik ||

28. Ton wêwênganing samodra | timpahing tingalan kalaban warih | doh ing rat samodra agung | sri wuryaning karangan | pindha kitri mawarna-warna kadulu | tan pae kadya dharatan | rurumputan sari-sari ||

29. Samya ngunguwung ngujwala | anglir mirah kang karang-karang curi | myang kadya kik dadu wungu | kang seta pita rêta | jujurangan lulunguran wana gunung | we kang kari palêbakan | lir têlaga sêndhang bêlik ||

30. Laju pangayênganira | nut lalêngkan patikunganing têpi | sih rat kang sagara kidul | alun tan têkèng cacap | pamikising samodra antaranipun | lakon sadina dohira | suruding ranu jaladri ||

31. Kathah pendah kantha kutha | babanjaran akojor adi luwih |

--- 11 : 292 ---

pra kirna§ Prayoginipun / pla-kirna /. sangkêp kang tuwuh | tan pae kang ngalêsta | sarwa ana wrêksa pikitrènpakitrèn. lit tanggung | dukut durèn sasêkaran | tan siwah pindhaning sari ||

32. Samya karang marakata | kasunaring surya ambalêrêngi | abanjêng salajêngipun | kadya bantala rêtna | yata wau sèh Mongraga lampahipun | têkèng bubungasing nuswa | bumi Bantên muarèki ||

33. Ing Wantingkup wastanira | sakiduling pulo Kalapan§ Prayoginipun / Kalapa /. nênggih | Mongraga kèndêl ing ngriku | lan garwa Tambangraras | sangsaya sri sèsining samodra luhung | lwir wintang wor ing dharatan | angumala manik-manik ||

34. Kyèh kadya rakiting pura | ginapura pupulasan nêlahi | lan pinatra rêngganipun | tuturutaning warna | mawa jwala karang mêncorong ngunguwung | kanan keringing gapura | krang gajah anjrum anguling ||

35. Myang endah sajroning pura | tanpa sesa praba myang tilam adi | lêlangse angayu-ayu | samya karang ateja | sêsaka lan bale lir mutyara mancur | karangulu pagulingan | kasur babud prang-wêdani ||

36. Lalèyan asri tinanam | jinêmbangan kang pendah sari-sari | pala kasimpar gumantung | sami karang sadaya | Sèh Mongraga jênêk muryani tilam rum | lam-lam Nikèn Tambangraras | arêsmi cumbana wingit ||

37. Tan ganal (n)don asmaranya | pangumaraning tyas lir jro pangimpin | cipta rarasing pulangyun | karagan-ragan uga | saking dening kapurba sihning Hyang Agung | wau sang Sèh Amongraga | dènnira nèng pura curi ||

38. Anraskên rarasing driya | yun mijilkên karamating Utadi | anèng muara Watingkup | nikmat mangunah kawas | suhuling Hyang kajating wali linuhung | nunuhun anyipta nusa | pulo Wêsi Purasani ||

--- 11 : 293 ---

39. Kalanggataning Hyang Suksma | waliolah saciptanira dadi | sanalikanya kadulu | kang nusa pulo Waja | kupêng winatara lampahan sabêdhug | rakitnya kadya ngalêsta | wrêksa kirna pala-kitri ||

40. Pêndhêm gumantung kasimpar | dukut sulanjana gandapura mrik | sangkêp sasêkaran arum | têngah pulo anyipta | wisma langkung murwèndah sarwa di luhung | kumêndhung patilamannya | langse linungsir wastra di ||

41. Sasaka guru myang rawa | sadayanya pan samya waja wêsi | anglir sinangling sinangub | mancorong angumala | pagêr pakêliran kanan keringipun | waja sangling wuwutuhan | myang (n)jawi pinancaksuji ||

42. Ing galigèn wêsi waja | miwah tajugira lit purasani | batur panataring tajug | jobin waja ujwala | balumbang sri binotrawi ing balitung | taru-taru tumaruna | puyuh dênta lawan wilis ||

43. Dhukuh kamulyan punika | luwih saking jaman ngalamdonyèki | ingkang kaendahanipun | ana tirta inirat | sing têlaga muncar mancurat mra-satus | sasikine kiniriyan | mawa gandanya mrik wangi ||

44. Saking sor wrêksa wijilnya | wit kancana êpange sarwa rukmi | ron sutradiwangga wungu | kang wilis dadu rêta | asêlaka suwasa sêkar mirah byur | pan awoh intên myang mirah | sênênning jwala nêlahi ||

45. Pawêdhènira mutyara | abra murub markata angrênyêpi | andiwangkara sawêgung | sarwa kang kaendahan | lan pendahing kitri karang samodra gung | mênuhi awarna-warna | tanpa sèmba ing pangaksi ||

46. Sèlasmara cêngêng mulat | kang sarwèndah kamantyanirèng kapti | sangsaya was tyas mabangun | (ng)gagas sutrêsnanira | maring laki hebat kaluwihanipun | cihnaning paworing Suksma | sinuksma Allah sêjati ||

47. Abadan roh nyawa Suksma | ingkang sinung jinurung sakarsanèkiLebih satu suku kata: ingkang sinung jinurung sakarsèki. | dening Hyang Kang Maha Agung | mangkana ciptèng driya | wus satuhu saèstu Pangeranipun | nêlangsa panrimanira |

--- 11 : 294 ---

ring laki wrananing Widdhi ||

48. Sung mulya donya akerat | kaelokan walikaning pangèksi | dungkaping tingal kang luhung | tuwin kamuktyanira | tanpa mangsa rasaning pangan wus korup | tumêkèng nikmating angga | tansah amanggih sasaji ||

49. Enir tangsayaning driya | saking dening kapurba sihing laki | pira-pira kikmatipun | sinung wruhing kamulyan | kajurungan lakine sasêdyanipun | sang Sèh Adi Amongraga | lan garwa nèng pulo Wêsi ||

50. Tumangkêp samodra pasang | têkèng cacap robing kang jalanidhi | pulih pambyukaning alun | anglir duk waunira | watak gora kocake sagara kidul | tan kêna kambah ing palwa | saking sru lèmbaking tasik ||

51. Mangkana antaranira | Sèh Mongraga anèng ing pulo Wêsi | angglarkên karamatipun | adana donya brana | mring wong dagang alayar malimi laut | nujwana palwa sajuga | kasasar mring pulo Wêsi ||

52. Pangguh lan Sèh Amongraga | tinakonan paranne kang pinipik | umatur sawontênipun | tuwin daganganira | kang dinolan ingaturan warninipun | Sèh Mongraga angandika | ywa susah darbèkirèki ||

53. Rika dolla tanah liya | kang sirapti kewala ingsun-wèhi | apa sakarêpirèku | rêtna rukmi myang wastra | sakêlare pamoting palwanirèku | nora amangêni ingwang | sasukanta angusungi ||

54. Nangkodèka nêmbah-nêmbah | nuwun-nuwun tur gya anggusti-gusti | ngirit pawong rewangipun | angusungi barana | sakarêpe kang kinira dinol untung | wastra rukmi lan sasotya | kang anèh-anèh ingambil ||

55. Wus dinuga moting palwa | samya pamit nangkoda atur bêkti | sungsun-sungsun sêmbahipun | kalangkung bungahira | tarik jangkar babar layar mêsat mamprung | lêstari tan pancabaya | kang alun gêng angêndhani ||

56. Mangkana nulya kawêntar | ing sasaminira malim jêladri | kèh palwa layar mariku | marang ing pulo Waja | pan wus gampang

--- 11 : 295 ---

ingambah sagara kidul | tan pae pambilanira | angamèt tan anukoni ||

57. Amung nunuwun kewala | marang ingkang palinggih Amongragi | sinêngaja kabèhipun | tan nana winangênan | marma sêlup layar kèh prapta ing ngriku | mintir angusungi brana | baita agêng lan alit ||

58. Kathah pinangkaning janma | pra nangkoda saking Johor lan Ngacih | ing Banjar Riyo ing Lampung | Kangeyan ing Sêmbawa | ing Trênate Makasar miwah ing Wangsul | samya alayar mrih prapta | mring Watingkup pulo Wêsi ||

59. Jong sêlup jungkung rêmbaya | asêluran tan lowong siyang ratri | layar ing samodra kidul | samya kêtêmbèn ngambah | sabêne tan kêna tinêrak pêrau | ing mangkya paran kang mawa | sagara kidul agampil ||

60. Ingambah dening jong-layar | samya nêrka yèn janma pulo Wêsi | anggampangakên ing laku | kang dana donya brana | yata palwa liwêran kadya susulung | pan anggili lunga têka | palwa kothong mulih isi ||

61. Tinub ing jong tan petungan | jalu èstri suka sakèhing janmi | prapta nêmbah anunuwun | barana inganthukan | kumarubut angambil donya brana gung | bilik-bilik apêpanthan | (ng)gyanning donya pai-pai ||

62. Kinancap lir ranu toya | datan angèl ngamèke kang pinilih | ana amèk toya arum | winadhah gugucènan | sarta ngalap barêkah pangadinipun | ywa tuna ing kauntungan | sêlamêt lampah jaladri ||

63. Kang rukmi gragal lir padhas | pawêdhènan mas ore myang sotyadi | minangka karikilipun | kang wus dadya dandanan | anèng gêdhong wêsi kori tan tinutup | winêngakakên kewala | gêdhong-gêdhong sadayèki ||

64. Punapa saisinira | nungge datan caruban sawarnèki | aneka-neka di luhung | kang pupus mapupusan | sutra trênwe sêtin mantol-tol bêludru | murle jagrim ginirènda | myang wastra kêling-makêling ||

--- 11 : 296 ---

65. Sêmbagi klèmat-maklèmat | anèh-anèh corake adi-adi | angluwihi sadayèku | tanah ing kana-kana | datan kadi kang saking pulo Balitung | nutug sasukane ngalap | samya narima pupuji ||

66. Mulyanya kang asung dana | wau ta sang Sèh Adi Amongragi | eca dènnira alungguh | pandhapa made kêmbang | Nikèn Selabrangta ciptanirèng kalbu | wus kadya nèng dalêm swarga | pan wus lali ing donyèki ||

67. Jênêk karamatan kikmah | datan èngêt ing yayah renanèki | miwah kadaring donyèku | tyas wus nora pêpeka | mung sukur ing laki wakiling Hyang Agung | tansah rêsmining layapan | kèjêping asmara jati ||

68. Nêngna kang andon nugraha | nawur brana nèng pulo Purasani | yata gantya kang winuwus | rêke wontên pandhita | saking tanah ing Sumatra Bangkaulu | tunggil antero Palembang | pandhita kasub sinêkti ||

69. Midêr angêlaya nusa | apêparab Ke Datuk§ Prayoginipun / Dhatuk /. RagaguntingRagarunting (dan di tempat lain). | sabatira wolungpuluh | kyèh pinangkaning janma | sing kadohan kumuk pandhita linuhung | ing mangkya padhangkanira | apan anèng pulo Rakit ||

70. Pan maksih laut Sumatra | kilèn Bangkaulu ing pulo Rakit | yata wau Kae Datuk§ Prayoginipun / Dhatuk /. | Ragagunting samana | pan alungguh anèng pakampunganipun | tinarap pra sabatira | wong wolungpuluh nèng ngarsi ||

71. Ki Ragagunting lingira | marang sabatira ran Wagajuni | Ragajuma Ragajulus | kapate Ragajulah | Ragajungkung kalima sabat pêngayun | hèh kêpala sabatingwang | paran sira ngrungu warti ||

72. Pandhita adana donya | mring wong dagang barang panjaluknèki | kèh kêdhik sayêkti sinung | tan ana kang baliya | laut kidul wetan kene prênahipun | kiduling pulo Kalapa | muara Watingkup nênggih ||

--- 11 : 297 ---

73. Ujung Bantên nungsa Jawa | tanah anyar ingaran pulo Wêsi | tan nana kang mau-mau | lagyèki cukul nungsa | anèng kono ênggone pandhita iku | sabat kalima turira | inggih kawula miyarsi ||

74. Kadi kang paduka pajar | pandhita kang anèng ing pulo Wêsi | kalangkung kuwasanipun | tutruka tanpa rowang | mung pawèstri sajuga pangèndhangipun | lampahe adana brana | mring wong dagang layar sami ||

75. Tan wontên kang winangênan | kang angêmis brana ngambil pribadi | winot ing baitanipun | sakêbaking baita | ingkang prapta sami kothong palwanipun | mantuk sarat ini brana | tan nampik sangakaning janmi ||

76. Sumawana ingkang pêdhak | tiyang Bantên kang parêk lan pasisir | kidul pan sami mariku | ing Cikarang Cirongkang | Cikuraka Cimandri lawan Cianjur | Cibaron miwah Cidhamar | Cilarung Cibun ningkassi ||

77. Ragarunting alon mojar | lah ya kabèh sira padha sun-tari | kapriye karêpirèku | apa ya pinaranan | Ragajuni Ragajuma Ragajulus | Ragajungkung Ragajulah | matur ring kyainirèki ||

78. Lamun sarêngparêng. karsa-tuwan | langkung saking prayogi dèn-dhatêngi | marang ing pulo Balitung | milya amupu donya | dipun-yêktosakên ujaring wartèku | dora lawan yakimira§ Prayoginipun / yaktinira /. | pandhita ing pulo Wêsi ||

79. Momod brana ing baita | lon dènnya-jar Ke Datuk§ Prayoginipun / Dhatuk /. Ragarunting | digawe apa amupu | kamalaning sasama | tan prayoga kabèh brahala puniku | aja sira mupu donya | dèn-titipi sira iki ||

80. Atuwas sira kabotan | besuk anèng kanane sira sisik | siksa bot kang sira panggul | wong kêdanan kamalan | yèn kang mungguh arahku iku ing besuk | kapanggiha lan kang dana | sun-jawab rabine benjing ||

--- 11 : 298 ---

81. Yèn awèh manira alap | yêktinya-a yèn pandhita pratoin | lamun tan awèh ngong-jaluk | pandhita grèg-ogrègan | durung nyata iku mêksih (ng)gênthong umus | pandhita mêrak cinancang | pandhita anglalêr wilis ||

82. Tan pindha wrêksa candhana | tinêgora pan misih angsung wangi | mangkono pandhita luhung | wa sêmono dinadar | sun cacake bojone manira-jaluk | awèh orane karuwan | nèng kono pratandhanèki ||

83. Kang pra sabat samya suka | angrungokkên ombake gurunèki | Ragarunting malih muwus | lah wis payo umangkat | maring pulo Wêsi apa warnanipun | pandhita kang dana brana | dene ta kaluwih-luwih ||

84. Dandana samêktèng paran | kitabira kabèh aja na kari | padha wotna§ Prayoginipun / motna /. ing pêrau | lan sadandananira | lah mèluwa kabèh sabat wolungpuluh | sarta padha samêkta-a | gêgaman sikêping jurit ||

85. Enggar sabat wolungdasa | (n)dan umangkat numpak palwa miranti | gya andhaut jangkaripun | andhayung babar layar | pan kumitir layare motha kumêndhung | sandhang angin palayaran | palwa lêpas lir jêmparing ||

86. Nêmbiring mring nungsa Jawa | laut kidul ujunging Bantên nênggih | pan muara ing Watingkup | layaran kalih dina | kalih dalu têkèng muara Watingkup | têpining pulo Kalapa | pulo Wêsi wus kaèksi ||

87. Sèh Mongraga wus waskitha | lamun ana pandhita sabrang prapti | tan rahayu sêdyanipun | ngartika jroning nala | nora suci atine pandhita iku | ala-alane priyangga | apa sasêdyanirèki ||

88. Kang ala anêmu ala | kang bêcik sayêkti nêmu bêcik |Kurang satu suku kata: ingkang bêcik sayêkti nêmu bêcik. mangsa lyanna kang amangguh | yêkti pribadinira | yata ingkang lagya mara anèng laut | kasabêt ing pancabaya | angin putêran (n)dhatêngi ||

--- 11 : 299 ---

89. Samodra rob ambêlabar | alun pasang gumulung kadi wukir | mawalikan sru gumuntur | bêntur kumbak goraya | mawrês adrês udan angin mawa lesus | kêngkang kumbul ngambal-ambal | lir kinêbur kang jaladri ||

90. Palwa mibêr lir kitiran | pêcah ambyuk sumyur kadya sinuwir | dadya tatal ambalêdug | wong wolungdasa lima | ting kurambang gulagêpan anèng laut | layar kêmudhine ilang | Ragarunting kawlasasih ||

91. Andharidhit sêbutira | sabate tan pisah anèng jaladri | muwêr kèdêr lir pinusus | komêt ubêng-ubêngan | ting barêngok sambat mati amimisuh | Ki Ragarunting miyarsa | nauri sarwi ngririntih ||

92. Aja na mimisuh sira | malah mandar padha dhikira sami | nora ilok wong mimisuh | lagi cobaning Suksma | salawase durung cobaning Hyang Agung | tyasmu padha nêlangsa-a | sabate sami prihatin ||

93. Ragarunting wus rumangsa | tyasnya salah yèn kadudonirèki | ananêdha ing Hyang Agung | ing kaluputanira | sru tobate cipta nuliya kêpangguh | lan pandhita kang kuwasa | ingkang anèng pulo Wêsi ||

94. Langkung pênalangsanira | Ragarunting lawan sabatirèki | anut salèmbaking alun | mêndha robing sagara | pan wus kadya sabên ombaknya kang alun | samya nangis sadayanya | kèh-akèh sambatirèki ||

95. Yata na juragan prapta | mulat ana janma kèh curnèng tasik | juragan awas andulu | anulya pinarêkan | Ragarunting lan sabate wolungpuluh | pating caraèk sasambat | minta tulunging aurip ||

96. Agupuh Kae juragan | nuduh rowang kinèn nguncali tali | ingkang tinuduh agupuh | samya (m)buncangkên tambang | sigra nyandhak kabèh sabat wolungpuluh | sinarudhah ing baita | kabèh wuda lir cicindhil ||

97. Ki juragan wirang mulat | sigra sinungan sinjang sadayèki | salirang wong loro têlu | sarwi alon tatanya | lah ki sanak ing pundi [pun...]

--- 11 : 300 ---

[...di] (n)dika puniku | bilai anèng sagara | kongsi wuda sadayèki ||

98. Lan pundi kang (n)dika-sêdya | anauri alon Ki Ragarunting | manira ing Bangkaulu | pandhita kang kuncara | ngupaya-a mangsa ana-a têtêlu | ing saluwak nungsa-nungsa | kadi Datuk§ Prayoginipun / Dhatuk /. Ragarunting ||

99. Dene kang manira sêdya | yun papangguh pandhita pulo Wêsi | de kasub langkung linuhung | marma manira arsa | têkèng kene kabancana palwa rêmuk | kitab ngong sapirang-pirang | sirna sadaya tan kari ||

100. Manira kapiutangan | mring nak-bagus tutulung marang mami | ki juragan lon amuwus | (ng)gih Kyai padha-padha | bêja-(n)dika pribadi kang mêksih untung | dèrèng (n)dungkap ing pasthinya | dumadak wontên nulungi ||

101. Utama kang (n)dika-sêdya | yun kapanggya pandhita pulo Wêsi | sayêkti lamun linuhung | mêsthi mangke andika | nêmu mulya wuda mantuk nandhang§ Prayoginipun / nyandhang /. luhung | lan pinaring rajabrana | sakarêp-(n)dika dèn-sungi ||

102. Busana myang rajabrana | marma kathah baita ingkang prapti | sabêne sagara kidul | datan kêna ingambah | mangkya kenging inggih saking sawabipun | pra nangkuda samya tuman | anggambuh mring pulo Wêsi ||

680. Gambuh

1. Sabat wong wolungpuluh | samya bingar myarsa tuturipun | cipta olih sêmbulih luwar prihatin | wau ta Kiyai Datuk§ Prayoginipun / Dhatuk /. | Ragarunting mojar alon ||

2. Yèn sêmbada nak bagus | aywa tanggung untapna katèngsun | sadungkapan praptane ing pulo Wêsi | juragan nauri saguh | sigra nglayarakên gupoh ||

--- 11 : 301 ---

3. Prapta ing ujungipun | labuh jangkar pakandhasanipun | pan wus ana palwa pasrudhahan janmi | ki juragan ris amuwus | lah (n)dawêg (n)dika-marono ||

4. Mêntasèng lêsta ngriku | numpak palwa pasrudhahanipun | Ragarunting mulat mring sabatirèki | kèh lara mutah ampêru | kami kêkêsên (n)dharodhog ||

5. Ragarunting wlas (n)dulu | mring sabate kang kèh lara murus | ki juragan aris dènnya mituturi | asambada (n)jaluk tulung | mring sang panthitapandhita. kinaot ||

6. Yèn antuk sawabipun | nulya sadaya osiking kalbu | aprasambat nuwun mulya ing sang yogi | kang nora bisa cêlathu | kewala sajroning batos ||

7. Pra sabat wolungpuluh | samya mulya tan ana kang angluh | pra juragan ingkang lunga têka sami | angsung sinjang sadaya wus | kabèh waras amêrabot ||

8. Ki juragan gumuyu | tênta lamun wontên sawabipun | jêr pranyata punika janma linuwih | mangke yèn (n)dika katêmu | ingkang ragi ngatos-atos ||

9. Kalangkung wingitipun | janma kang alul-dana§ Prayoginipun / ahlul-dana /. puniku | datan kêna sumambrana lair batin | sing sayêktine pan sampun | angraga-sukma minanon ||

10. Wusnya dènnya pitutur | Ki Ragarunting nauri wuwus | (ng)gih nak-bagus apan wus kasêdyèng ati | atêmu kang apalungguh | wus padha kalawan ingong ||

11. Ki Ragarunting gupuh | mudhun saking pasrudhahan prau | pan ingiring ing sabat sadaya sami | Kae Ragarunting Datuk§ Prayoginipun / Dhatuk /. | dènnira anganggo-anggo ||

12. Srêban sultani patut | jubahira pêthak galar konus | sêbe wulung sarung kapuranta Bugis | atêkên pênjalin wulung | canela suku kinaot ||

--- 11 : 302 ---

13. Saking pawèwèhipun | juragan wau ingkang tutulung | wus tumêkèng ing ngalêsta pulo Wêsi | pasang rakit patutipun | tuhu kalamun kinaot ||

14. Undhak-undhakanipun | gilang waja sanglingang sinangub | angunguwung têlêng ngujwala awilis | undhakan tundha rongatus | sapênginggil amêncorong ||

15. Pulo inggil anggunung | myang asrining banjaran linuhung | sangkêp sawarnining kitri adi-adi | sasamining taru-taru | lan kang lumrah yêkti kaot ||

16. Kawuryan adi luhung | anglir pendah kaswargan anurun | sawarnining kitri-kitri tuwin rukmi | godhong myang sêkar-mas luru | isining woh-woh sayêktos ||

17. Myang kang wit karang-watu | pulas-pulas tuturutan nguwung | gilap nuluh angrênyêp pating parêlik | abra markata umancur | kaendahaning pandulon ||

18. Tan nana èmbanipun | sajroning donya ingkang kadulu | apan amung sasiki ing pulo Wêsi | tanêmaning jalma luhung | karamatirèng wali-hos ||

19. Yata ingkang lumaku | Ki Ragarunting lan sabatipun | wolungpuluh lima samyèram ningali | bunga-bungah jroning kalbu | bakal olèh donya kaot ||

20. Ragarunting ngling kalbu | ya ta lah acukul pulo luhung | pan bêjane kang nutugakên ing benjing | pantês para ratu-ratu | kang darbe iku santero ||

21. Layak bae kadyèku | duwe laku loma mumah-mumuh | paradhah bèr dana dunya kèhe janmi | tan ngrasa kelangan untung | wong cukul dhewe mêngkono ||

22. Wau ta lampahipun | Ragarunting wus prapta ing pintu | sabat wolungpuluh agawok ningali | maring wong ngambil donyèku | tuwa anom lanang wadon ||

23. Lunga têka asêlur | jêjêl uyêl mèt sasênêngipun | ingkang malih wastra kêling mori-mori | kang tan lumrah alusipun | myang ngambil rêtna sotya byor ||

--- 11 : 303 ---

24. Sabate wolungpuluh | mulat donya-brana ngundhung-undhung | Ragarunting karênan mulat donyèki | tan nyana karamatipun | sang Sèh Adi Amongkaot ||

25. Mèksi gêdhong tan tutup | mara ngambil busana di luhung | amêmatut panganggo Ki Ragarunting | kulambi budhidhar tatur | anyamping kêling talêpok ||

26. Srêban sultani mungguh | nulya sabatira wolungpuluh | payo batur padha mupu donya singgih | samya salin sinjangipun | ambyuk ngambil kumaroyok ||

27. Milih sasênêngipun | katutugan ing sakarêpipun | bungah-bungah ana kang ngibing mênyanyi | sami ngalumpukkên wau | donya brana kang di-kaot ||§ Prayoginipun / kinaot /.

28. Arah ginawa mantuk | sotya rukmi wastra saliripun | Ragarunting kèlu ring sabatirèki | pan kalindhih imanipun | karêm ing barana katon ||

29. Arahira ing wau | Ki Runting ahlinira ing ngèlmu | ing pangarah ing akerat asli muslim | ing mangkya tyasira kurut | prantandhapratandha. tan têkèng batos ||

30. Awon sasêdyanipun | sampun kinawruh angliring kalbu | Sèh Mongraga alinggih kalawan rabi | wau ta ing karsanipun | cipta nênêdhèng Hyang Manon ||

31. Aningit ing pandulu | tinarimèng Hyang saciptanipun | pratandha wus ngalap kajumbuhan tunggil | wus tan malat ing pandulu | yata kang sêdya mradhayoh ||

32. Prapta ing pandhapa gung | kang darbe wisma datan kadulu | Ragarunting angling mring sabatirèki | dene ki kapanggih suwung | kang duwe wisma tan katon ||

33. Rêke kewala samun | wisma di wus sirna tejanipun | sabatira lima aturira ririh | yèn pandhita kang palungguh | kados wus angraga Manon ||

34. Langkung sinêktinipun | Ki Ragarunting malih amuwus | payo padha golèkana dèn-kapanggih | sabat kang liningan gupuh | angulati tan kapanggoh ||

--- 11 : 304 ---

35. Ki Dhatuk cêlak-cêluk | lah ta êndi kang duwe wismèku | babo dene nora nana anêmoni | jarene suka ing tamu | nora nampik sakèhing wong ||

36. Mongraga eca lungguh | nèng paningrat lawan garwanipun | myat ring tamu têka mèsêm jroning galih | Ki Runting anginguk-inguk | watuk dhaham-dhaham atos ||

37. Dènnya mrih amumungu | pinurih gya tumuliya mantuk | suka bungah Ki Runting sajroning ati | dening wuryaning wisma gung | upamakna ing pandulon ||

38. Baya swarga tumurun | kaendahan donya tan kadyèku | adiaèng mêngkene cukul pribadi | mêngkana ciptaning kalbu | dhaham suprih kaparungon ||

39. Sang tapa mèsêm (n)dulu | marang tamu kang sêdya papangguh | dadya sang Sèh Adi Mongraga nabda ris | bageya kang lagya rawuh | lah (n)dawêg andika lunggoh ||

40. Yèn sudi ngambil kawruh | lan manira têtêpungan ngilmu | eman-eman wong sêdya têmu tan panggih | Ki Ragarunting anjumbul | pundirangan amalèngok ||

41. Kumêsar manahipun | kakêtêgira arêbut dhucung | Dhatuk Ragarunting wus angrasa ajrih | nêbut astapirolahu | nguwuh mring sabat wong-uwong ||

42. Padha mreneya gupuh | iki apa swara kang karungu | têka gawe mêmêdèni marang mami | Sèh Mongraga malih muwus | ki sanak jwa salah sênggoh ||

43. Ngriku dèn-enak lungguh | rèyang nèng ngriki ênggih alungguh | dèn-abêcik aywa salah tampi yayi | rèh rika pandhita jêglug | mangsa amblabak kakaol ||

681. Balabak

1. Kae Dhatuk Ragarunting manahira | ajèngkèl | ngling mring sabat lah ta êndi swara iki | prênahe | lah ya sabat kabèh padha gagapana | ênggonne ||

--- 11 : 305 ---

2. Yèn tan nana sayêkti kumara bae | abane | sabat wolungpuluh sigra anggagapi | prênahe | (ng)gonning swara dèn-mèk-mèki nora nana | êmêge ||

3. Samya mojar lho ing kene lho ing kene | banène | para sabat solahe lir gogo iwak | tangane | kabèh padha mèk-mèkan pating karêmèk | (n)jêbèbèh ||

4. Ting cêlulu miwah Kae Dhatuk Raga | -runtinge | ayak-yakan lir lare samya sèruban | polahe | (ng)gagap lir wong padha (n)jogèd Pêtung-wulung | (n)jêgègèh ||

5. Grayah-grayah andhodhok bokong anyênthing | andêngkèk | sang Sèh Adi Mongraga mèsêm tumingal | polahe | mring wong akèh kang samya kinèn (ng)golèki | tingkahe ||

6. Ting jarêngkit bokonge pating kaluyur | lakune | winêratan pandhapa pênirat wisma | kabèhe | ing jêrambah pagêdhongan tan tinêmu | titine ||

7. Sakabèhe kang sami kinèn (ng)golèki | kawêlèh | nora pijêr (ng)golèki katungkul mulat | endahe | jroning wisma kumêndhung-kêndhung lir swarga | adalèh ||

8. Sajêg-jêge samya tan tumon tan wêruh | katêmbèn | wruhing adi luwih kaendahanira | lawase | amêlongok matane kumêdhèp têsmak | gawoke ||

9. Wus antara dangu dènnira ngulati | wong akèh | Sèh Mongraga aris dènnira wacana | wuwuse | lah ki sanak kapati (ng)gonning ngulati | marang ke ||

10. Rika lir wong tanpa netra dene rèyang | nèng kene | sira Kae Dhatuk Ragarunting alon | wuwuse | manirèki tan rêna lamun tan uning | yêktine ||

11. Apêkewuh ing lungguh tan kalawanan | panggihe | mangkya rêna manira yèn pakênira | angèdhèng | sang Sèh Adi Mongraga aris ngandika | dêlinge ||

12. Yèn sira yun wêruh muga wruha marang | sun kiye | nulya mêdhar amênyahakên sarira | iksane | Kae Dhatuk Ragarunting kagyat ngucap | lah kuwe ||

--- 11 : 306 ---

13. Cahya wênês sumunu kadya sasangka | bangune | nulya samya lênggah anèng pandhapèka | dhêpêke | wus miranti gêgêlaran kasah rukmi | ginèpèng ||

14. Sèh Mongraga alênggah lan garwanira | nèng lante | sabat wolungpuluh andongong anjomblong | (n)dulune | tan kuwasa mulat sanginggiling tênggak | kabèhe ||

15. Kae Dhatuk Ragarunting jawat tangan | ge-age | Sèh Mongraga tan arsa sarya ngandika | wadine | dene lir wong mukmin watak jawat tangan | salame ||

16. Grago rangu tyase Dhatuk Ragarunting | kadhone | Sèh Mongraga ris tanya mring Ragarunting | têmbunge | rikèng pundi wismèng wingking sapa sintên | parabe ||

17. Ragarunting nauri tan pati krama | ujare | ketang dènnya jawat tangan tan linawan | sêrike | para tanya sasana mara ing wuri | asline ||

18. Bangkaulu antero pulo Sumatra | jung kilèn | de panêngran Dhatuk Ragarunting ingsun | ngong kiye | sarwi ombak bandha sumitra anggunggung | awake ||

19. Manira kang dinatuk-datuk§ Prayoginipun / dhinatuk-dhatuk /. pra raja | sabrange | myang wong gêdhe-gêdhe kèh padha ambapa | anggêpe | wus kawêntar manira liyan nagara | kontape ||

20. Miwah janma liyan wus akèh kang prapta | mring dhèwèk | samya sêm-sumungkêm (ng)guguru maringwang | sênênge | samangke ki ngong ngijak ing pulo Rakit | pan angrèh ||

21. Sakèhing pra pandhita kang agung-agung | kalindhèh | sarwi mêncar tingal mring Ni Tambangraras | ulate | langkung dènnya kagêbang brangta ing nala | nêmênne ||

22. Saujare sapolahe dèn-kagawe | aèdhèg | Nikèn Tambangraras tan kadêrêng mulat | tingale | Dhatuk Ragarunting tanya mring Mongraga | ujare ||

--- 11 : 307 ---

23. Para rêke paran kang linakokake | ngèlmune | sapa sintên kang sinambat lan ing ngêndi | asline | Sèh Mongraga wacana rèyang puniki | tan angrèh ||

24. Sakarêpta (ng)gonnira ngaranni basa | jênênge | sun-tarima sakadarira kewala | kêsdune | asliningsun anèng pangarêpanira | nèng kene ||

25. Sidhêp ujar jana kaluluning basa | nyatane | sarwi nolèh mring garwa kinèn angrukti | suguhe | rèhning lagya dhatêngan murih satata | -kramane ||

26. Garwa bisik tan darbe samukawisnya | sasêpèn | Sèh Mongraga mèsêm nanêdha Hyang Suksma | murahe | nyipta suguh sakadar nulya tinêkan | tan suwe ||

27. Dudu kang sêmono iku kaking Allah | yêktine | titahing Hyang kang donya cukup pribadi | nèng kene | susah paran dènupaya wus katingal | blêgêre ||

28. Apan dede makatên kang kula driya | êbabe | paran sabab para tan purun salaman | marmane | lah puniku ngèlmu kang panggih punapa | kukume ||

29. Apan tataning sarengat tan dèn-(ng)gonni | dhèwèke | tan pakolèh kang para alul§ Prayoginipun / ahlul /. agama | yêktine | sang Sèh Adi Mongraga mèsêm nauri | têmbunge ||

30. Rika iku uga ingujar dèrèng wruh | jatine | yèku lampahing wong ngalulkên§ Prayoninipun / ngahlulakên /. surambi | patrape | rêke dudu lampahe wong alul§ Prayoginipun / ahlul /. iman | tekade ||

31. Wong anjawat tangan iku lah punapa | têgêse | yèn tan wruha tuwan wungkuk nora dadi | sêlame | sasalaman paran kang riki cêkêli | apane ||

32. Lan punapi kang katon ing sapatêmon | karone | yèn ta lamun ki sanak datan wêruha | jatine | wêdhus kêndhit saba rawa tanpa gawe | sabane ||

--- 11 : 308 ---

33. Ragan-ragan sirahe ambijig watu | gêgodrès | pati-pati tumbuk bêntus§ Prayoginipun / numbuk-bêntus /. tuwas apa | atètèr | gampang wong kang jawat tangan yèn wêruha | artine ||

34. Kang sun-dêlêng sapapadhane agama | Islame | jênênge (n)Jêng Nabi duta wus tan katon | samangke | nênggih mawa ganjaran barkah sarengat | Rasule ||

35. Mongraga ngling yèku misih bangsa lair | sunate | aywa tungkul angitung sawab bênêran | barkate | masih anut basane papan lan tulis | anggêpe ||

36. Dluwang mangsi apan gagaweyaning wong | maune | tanpa kusur sasar-susur anut tutur | ngèlmune | sastra iku aling-aling angalingi | têmahe ||

37. Masih gebang-gebange kêrana donya | gingsire | dadya luput panggayuhe lalawora | êngame | tangèh lamun tumêkane kawruh jati | amgênne ||angêne.

38. Karanane warana ingkang ngalingi | kajatèn | ywa katungkul ngêkul-êkul lir wong gêcul | ucule | Ragarunting alêgêg tan kêna angling | mrêngute ||

39. Pan kèwuhan dènnyarsa ambêbantasi | ujare | Sèh Mongraga karya prèjènging kajatèn | wuwuse | pan tinêmbing ing kawruh Ki Ragarunting | ngèlmune ||

40. Lah jawabên ki sanak ingkang patitis | samangke | ingsun iki apa tuwa lan apa nom | yêktine | mojar para tatakon nom tuwanira | mring dhèwèk ||

41. Nom tuwanta sayêkti anèng manira | ênggonne | de nom tuwanira iku anèng sira | ênggonne | nora nana bisa ngaranni pribadi | dhèwèke ||

42. Mongraga ngling yèku durung rêna mami | jawabe | apan iku basa ujar bakal bae | boronge | paran têgêse tuwa kalawan anom | ta rêke ||

--- 11 : 309 ---

43. Ragarunting angling de kang aran tuwa | lan nomme | ranning tuwa ya kang tuduh mulih marang | jatène | maring ênom tuwane amalih rupa | baguse ||

44. Mung puniku kawruh-para gêgêthêkan | ethoke | Sèh Mongraga mèsêm anauri aris | têmbunge | misih tangèh (n)dungkaping marang kajatin | yêktine ||

45. Kalakuwan lan laku kalawan ngèlmu | jatine | Ragarunting nauri mungguhing laku | kawruhe | nênggih ngèlmu kang bênêr nora sulaya | tekade ||

46. Ingkang aran tuwa ya satuwanira | têmênne | ingkang ênom lah iya ênomme dhewe | tan wanèh | Mongraga ngling sun tan rêna lah kêpriye | undhake ||

47. Runting angling wong tuwa kang sampun nyata | êkake | tuwa kang wus tumêka marang Hyang Widdhi | dhèwèke | sang Sèh tanya paran rupane Hyang Widdhi | wujude ||

48. Anèng ngêndi ananing Hyang ingkang pasthi | wujude | Ragarunting mojar e lah nora kêna | ginawe | apan ora kantha wêrna ambu rasa | tan kênèng ||

49. Winujudkên kalawan akal tan kêna | angèdhèng | Mongraga ngling wus têtela rika iku | apèndhèk | luwih sasar ingaranan wong duraka | padhane ||

50. Ragarunting nauri sêngak asêngol | wuwuse | yèn mêngkono para iku ingong buru | têmêne | lah kêpriye karêp-para anganèhi | ewuhi ||Guru lagu seharusnya: 3e, ewuhe.

51. Sang Sèh Adi Mongraga nauri aris | têmbunge | kaya apa karêp-para na-a ujar | mêngkene | êndi Allah anane padha samêngko | nyatane ||

52. Lah ucapna ki sanak yèn rika wus wruh | jatine | Ragarunting ambêkès brangas apanas | atine | para iku paksa iya ngluluwihi | ambêke ||

53. Tanya jatining Allah tan warna rupa | aibe | wus katutup linarangan ing agama | Rasule | sing sapa kang tatanya nyatakkên Allah | wujude ||

--- 11 : 310 ---

54. Pasthi kukum patut kinisas ing pati | dosane | wênang lamun rinuwat padha samêngko | yèn matèk | Sèh Mongraga gumuyu sarya wacana | saure ||

55. Nyata têmên ujarira yèn wong alul§ Prayoginipun / ahlul /. | kukume | yèku lungguhing wong kang alul§ Prayoginipun / ahlul /. sarengat | lumrahe | wong yèn alul§ Prayoginipun / ahlul /. kajatèn mangsa ajriha | pinatèn ||

56. Tan dêrana Ragarunting sigra ngatag | santrine | kinèn samya anyêkêl Sèh Amongraga | sabate | lah êbyukên ing wong akèh iku sami | dèn-age ||

57. Yèku wong kang kêna kukum dosa gêdhe | yêktine | lah labuhên ing sagara dimèn sirna | anggane | ing wong murang sarak patut dèn-pupurak | kukume ||

58. Kang ingatag kabèh sigra arsa nubruk | wanine | apan lagya anjangkah kalumah |Kurang dua suku kata: apan lagya anjangkah kalumah-lumah. tibane | kang kajungkêl krungkêp kongsêp anggulinting | kabèhe ||

59. Apralina pra samya kêna ing walat | -sarike | Ragarunting anggulinting kalosodan | lempohe | paringisan pelo tan cêtha calathu | amèwèk ||

60. Sèh Mongraga umèsêm lan garwanira | kalihe | dening padha mati kabèh datan urip | anglèsèt | Ragarunting-paringisan mèlèt-mèlèt | lambene ||

61. Sêdyanira sasambat ilate alot | amele | sambat batin kewala langkung ngrêrêpa | tobate | ah-uh ah-uh agêduwul sêdyanira | atine ||

62. Asru dènnya nalangsa minta apura | batinne | mring Mongraga malah lali Pangerane | suhude | Sèh Mongraga jroning driya wus udani | sosike ||

63. Ragarunting asru-asru dènnya minta | mulyane | nulya (n)donga waluyane Ragarunting | pinorèh | supayane ing mêngko bisa anjuru | -dêmunge ||

--- 11 : 311 ---

682. Jurudêmung

1. Nastijab pandonganira | sakala dènnya mrih ayu | alon pangandikanipun | lah sanak kang sêdya harja | paran sakarêpirèku | sêdyanira minta mulya | muga mulya-a sirèku ||

2. Ragarunting tan antara | wus mulya lir waunipun | patobatira kalangkung | tan purun malih-maliya | anging ingkang kula suwun | uripna santri kawula | kawlasarsa sami lampus ||

3. Sintên kang rencang kawula | yèn awèt kiyanatipun | Sèh Mongraga lingira rum | lah iya sakarêpira | waras lan pribadinipun | sakala santri kabèhnya | mulya urip sadaya wus ||

4. Pungun-pungun pangrasanya | lir nêmbe atangi turu | Ki Ragarunting andulu | langkung bungah manahira | santrinya urip sadarum | sru sokurirèng Hyang Suksma | lali panêlangsanipun ||

5. Angot èngêt sru kasmaran | mring Tambangraras dènnya kung | Ragarunting wuwusipun | tan amawi subasita | hèh Mongraga ngong minta yun | lah sun-jaluk rabinira | manira sênêng kalangkung ||

6. Dèn alila manahira | sun tan-(n)jaluk donya luhung | mung (n)jaluk pawèstri iku | sun-rabèni bojonira | Sèh Mongraga lon amuwus | iku tan anèng manira | yêkti nèng pribadinipun ||

7. Lêwih kang aduwe jiwa | Ragarunting mèsêm muwus | dados lila ingkang kalbu | anjurung sakarêpingwang | yèn makatên lungna gupuh | rabinta manira-gawa | Sèh Mongraga ngandika rum ||

8. Marang Nikèn Tambangraras | lah paran yayi sirèku | jinaluk mring pandhitèku | pan kinarya rabinira | Ni Selabrangta aminggu | kèwuhan sajroning nala | cipta cobaning Hyang Agung ||

9. Dèn ningkên raosing driya | jrih wangkot karsaning kakung | kumambèng wisesanipun | mopo jrih durakèng priya | Nikèn alon aturipun | punapa ing karsa tuwan | darmi anglampahi tuduh ||

--- 11 : 312 ---

10. Witne mugi ywa kadyèka | bênggang anèng pada ulun | dèn kongsi lêbur aluluh | pyasah sandhaping padanta | Sèh Mongraga ngandika rum | iki tan arsa ing sira | Ki Runting nauri wuwus ||

11. Ika pan wisesa-para | darma punapèstri wau | tulusna dananirèku | Sèh Mongraga angandika | nora sêdya dana ingsun | (n)danakkên nèng rabi-rèyang | mung dana donya brana gung ||

12. Apan ya sakarêpira | lèhira ngambil brana gung | wus sokur lila katèngsun | pan ingsun tan milih janma | Ki Runting ngangsêg amuwus | êndi yêktine jarira | adana lila ing kalbu ||

13. Sakèhing padana-para | Sèh Mongraga amuwus |Kurang satu suku kata: Sèh Amongraga amuwus. lah ta yayi sira iku | idhêpên pituturingwang | ywa nikêlkên ing atuduh | lagya ganjaraning Suksma | sira miluwa jinaluk ||

14. Marang pandhita ginawa | mring sabrang kamulanipun | Tambangraras amuwus |Kurang satu suku kata: Ni Tambangraras amuwus. sang ayu mijilkên waspa | kumocor lantaran bau | ajrih lamun lênggana-a | bênduning Hyang kang kaetung ||

15. Wasana angrês turira | sumanggèng karsa sakayun | sanadyan tumêkèng lampus | tan nêdya lêngganèng nala | Sèh Mongraga ngrês andulu | aris pangandikanira | tingalana sih Hyang Agung ||

16. Yayi sira (n)jênêngêna | ing tapanira kang mujud | sihing Hyang Ingkang Maha Gung | pira-bara ingapura | lantar panrimaning kalbu | wus miluwa yayi sira | mring pandhita kang dahat hyun ||

17. Aywa wot yayi tyasira | lakinta pandhita luhung | idhêpên pituturingsun | sira Nikèn Tambangraras | tur sêmbah anguswa suku | lumèngsèr sarta§ Prayoginipun / sarya /. udrasa | tansah andulu mring kakung ||

18. Nolih-nolih lampahira | Sèh Mongraga sung pandulu | mring rabi sinuksmèng kalbu | tumintaktumindak. tinut ing tingal | samya sih pangiksanipun§ Prayoginipun / pangaksinipun /. | Ragarunting sigra mentar | Ni Tambangraras nèng ngayun ||

--- 11 : 313 ---

19. Ki Dhatuk nèng wurinira | pan ingiring santrinipun | sadaya wong wolungpuluh | gumêrah abingah-bingah | gurune olèh dyah ayu | samya anggunggung digdaya | ambahak somahan purun ||

20. Bojone tan anukarta | lila lêgawa pinundhut | mangkana ing lampahipun | yata Ki Sèh Amongraga | angatêr lampah nèng pungkur | sarwi bibisik pra janma | kang samya mèt brana agung ||

21. Ki sanak kang mupu brana | lah tuturana sadarum | yèn uwis pangambilipun | nutug sarasaning karsa | kewala dèn-barêng mantuk | aywa na kèri sajuga | lèhira momot pêrau ||

22. Kang liningan tur sandika | tinuturan sadaya wus | yata lampahe Ki Dhatuk | praptèng têpining samodra | kèndêl tan ana pêrau | kabèh kang para juragan | kang momot donya brana gung ||

23. Sarêngan panumpakira | ing palwa layar sadarum | bêrsih tan nana pêrahu | kabèh kang para juragan | Ragarunting lan santrinya |Lebih satu baris; baris ini tidak diperlukan. kang kari tan duwe prahu | Ki Ragarunting angucap | hèh sabat lima sirèku ||

24. Ragajuni Ragajuma | Ragagaluh Ragajungkung | Ragajulus ingong tuduh | kêcapa marang pandhita | manira (n)jaluk pêrahu | sun (ng)go layar marang sabrang | aywa tanggung (ng)gyan tutulung ||

25. Sabat lima wangsul sigra | Mongraga mapaggên§ Prayoginipun / mapagkên /. laku | kang panca sabat wus pangguh | lan Mongraga duta mojar | kawula rêke tinuduh | mundhut palwa ing pandukapaduka. | binêkta layar umantuk ||

26. Mring Bangkaulu Sumatra | ing pitulung aywa tanggung | Sèh Mongraga ngandika rum | ya wus sira aywa susah | ing kana wus ana prahu | nulya nulak kang dinuta | santri kèh wong wolungpuluh ||

--- 11 : 314 ---

27. Samya ngalap rajabrana | wastra di rukmi sotya gung | samya winot ing pêrahu | samêkta sadayanira | asuka-suka kalangkung | daut jangkar babar layar | kundur mring pulo Balitung ||

683. Durma

1. Dyan kabajra palwa mawan ing samodra | lumêpas lir jêmparing | kêmudhi ngrèh parah | ngarah ngirat maruta | pinarastha ngiras laris | sèrèng sisiran | rèrèh panjoring riris ||

2. Amêr-amêr sahawan pidaking pada | Ki Dhatuk Ragarunting | wus rèrèh palwanya | suka-suka bujana | lan santrinya sadayèki | pan abubungah | de kauntungan sami ||

3. Samya (ng)gunggung pra santri mring gurunira | miwah kang amênyanyi | sinambi nyamikan | manah lir punagiya | aramyan-ramyan samargi | ngetung kontungan | antuk donyèstri adi ||

4. Yata ingkang kantun Ki Sèh Amongraga | amusthi ing pangaksi | anyipta tan ana | sirnaning pandêlêngan | ngulihkên kamulanèki | wus kalanggatan | sasêdyanira dadi ||

5. Janma tama panuksma kajatènira | tanpa antara nênggih | nungsa pulo Jawa | sirna tan kawistara | dhukuh banjaran musna nis | tanpa tuduhan | mulih dadi jaladri ||

6. Mulung maring rabènira wus binêkta | ing ngasrama awingit | jaman kanyênyêtan | yata ingkang kocapa | Kyai Dhatuk Ragarunting | dènnya alayar | anèng madyèng jêladri ||

7. Kagyat mulat Ni Tambangraras tan ana | gupuh kinèn ngulati | sajêrone palwa | longkanging pasênthongan | paslêmbon sadaya sêpi | narka wus ilang | Ki Dhatuk Ragarunting ||

8. Samya gègèr pra santri sajroning palwa | tan ngarti ring pakarti | yata sanalika | dènnira alêlayar | katêmpuh angin gung prapti | amawa gora | rob pasanging jaladri ||

9. Gumaludhug angin ombak mawalikan | kombul mawukir-wukir | toyaning sagara | kapêcuting panjara | pancawara angayuti | têdhuh ruara | gêtêr-patêr rawati ||

--- 11 : 315 ---

10. Lir kinêbur jumêgur angambak-ambak | bakal ambêbayani | pan kabina-bina | gumuntur magênturan | Kyai Dhatuk Ragarunting | sarowangira | tan nana duwe budi ||

11. Lir anggane ing pati têkèng sakarat | tan ana lyan pinikir | myang lyan kang winulat | mung marganing pralaya | angadhêp keblating pati | palwa putêran | mungsêr kadya kabikir ||

12. Mubêng kèngêr komêt mêdêd tan panon rat | katiyup dening angin | sruning bayu bajra | palwa mêsat ing tawang | wutah kabuncang wiyati | baita musna | mulih ajaling wingit ||

13. Kamulane cipta wus tan na karana | kang kapususing angin | Kyai Dhatuk Raga | -runting sarowangira | wong wolungpuluh anênggih | samya pralena | singunên tan na urip ||

14. Kabur samya ginimêr undur-unduran | munyêt anèng wiyati | wus pinusthèng cipta | maring Sèh Amongraga | linêpas akalawan angin |Lebih satu suku kata: linêpas kalawan angin. supayanira | tibèng dhangkanirèki ||

15. Bangkaulu antero tanah Sumatra | muara sabrangnèki | pakampunganira | anèng pulo Cilinan | patrukaning pulo Rakit | yata pra samya | ngalêntang sing wiyati ||

16. Kadya buah rontog saking uwitira | tiba tan nana eling | lamak panonira | sumaput anèng tawang | dangu antaranirèki | pangliririra | lêngêr-lêngêr tan eling ||

17. Tan kèlingan duk wau katubing barat | prabawaning awingit | toyaning samodra | saputing bayu bajra | gurnita sru ruara (n)jrit | kaelokannya | Kyai Sèh Amongragi ||

18. Darajate oliya janma utama | jinurung ing Hyang Widdhi | mêtokkên wêwêlak | milalati karamat | lir Ki Dhatuk Ragarunting | akarya cacah | -cucahing janma luwih ||

19. Têmah olih kêparat kêna musibat | katulah ing sasakit | malarat kasrakat | lan pawong santrènira | lir duk katubing jaladri | samya têlanjang | tan nana nandhang jarik ||

20. Ragarunting kalangkung pangungunira | mulat angganirèki | myang miyat rowangnya | kabèh samya wuwuda | rumangsa sisipirèki | asalah karya | mring kawulaning Widdhi ||

--- 11 : 316 ---

21. Nulya Ragarunting lan santrine samya | mulih pating calili | maring wismanira | priyangga sami sinjang | pan guyu-ginuyu angling | lah iya ta lah | katanggor ing bilai ||

22. Ragarunting lungguh pakampunganira | tinanggap mring pra santri | Kyai Dhatuk Raga | -runting alon wuwusnya | kabèh santri-santri mami | padha myarsakna | tutur-ngong mring sirèki ||

23. Aja susah kêna ingkang pancabaya | pupusên ingkang bêcik | padha narima-a | lagi cobaning Suksma | (ng)gyaningong nyatakkên iki | ingkang kaucap | ngulama kang linuwih ||

24. Nyata yèn wus sasolahe waliyolah | karya loking pangaksi | kang mangkana ika | tan kêna tiniruwa | wus tan mikir bangsa lair | ananging bisa | akarya krana lair ||

25. Dene mungguh ing ngèlmu pan nora beda | lawan ingong sirèki | iya padha uga | pamèting ngèlmu rasa | dadine marang kajatin | ing dalêm êkak | woring kawula Gusti ||

26. Nora liyan ya kaya pamburinira | anging bedanirèki | anggêpe ing tekad | tan ngopèni sarengat | ing pangupa-jiwa lair | wus nora sêdya | misiling sandhang bukti ||

27. Amung muhung usulira mring Hyang Suksma | atilar tadhah guling | kang mangkono ika | tan kêna yèn tinuta | wis sinung palal pribadi | lambar santosa | anuragèng kajatin ||

28. Nora sêdhêng inganggo sawiyah janma | kang aral owah gingsir | bêcik sira padha | nêtêpana sarengat | ing kukum saraking Nabi | ing upajiwa | untunging sandhang bukti ||

29. Santrinira andhêku myarsa lingira | Ki Dhatuk Ragarunting | yata kang kocapa | sira Kae Mongraga | lan kang garwa Selabrangti | sêdya lalana | kinanthi maring laki ||

684. Kinanthi

1. Lir ngambara lampahipun | sang Sèh Adi Amongragi | napak madyèng ngawang-awang | kadya rasaning pangimpin | apan dulur dènêngawandening awan. | lir Hyang Wisnu lan Dèwi Sri ||

--- 11 : 317 ---

2. Mahawan mahawang turun | kadyarsa nukma anitip§ Prayoginipun / anitis /. | ing janma di wirutama | mamanon amiminihi | wau Nikèn Selabrangta | mawan sarta matur aris ||

3. Datan anyana sarambut | amba yèn papanggih malih | lawan tuwan kang minulya | Sèh Mongraga angandika ris |Lebih satu suku kata: Sèh Mongraga ngandika ris. darma ingsun sihing Suksma | kang kaya ku rênaning sih ||

4. Allah yayi umawan hyun | ngrasakkên kang panas pêrih | tirakat pidak bantala | utama nglarani dhiri | papa pan karya lampahan | supaya sinor ing janmi ||

5. Kang garwa tan lêngganèng hyun | nut sakarsanirèng laki | tumurun sing antariksa | pracina mahawèng siti | jor lêbaknikèng pundhungan | mahas ing wana sunya writ ||

6. Parah lyah rikuh ingangkuh | lumangkah ing curi ringih | têlatah katêtêracah | cihna lampahira ririh | rarah paranging atiksna | amêlah padanta rujit ||

7. Lan sarampading arunggut | anrang kawêlèring ron ri | citra rajahning pagêlang | tar lana lêlanèng tawing | wêwêng pangungaranpangungangan. jurang | parang rong miring kapering ||

8. Paparung lir tiksnaning hru | minarah ririh sêlaning | lêlana sêloting lampah | rêkasa dènnya mara ris | sinrang prabaning karaba | swanita drês angêbêsi ||

9. Kiswaning angga maruntus | tumurusing wastranèki | tar kasongan ing kèrana | kasrangan ing Hyang Syandagni | sangSang. waelaWaela (dan di tempat lain). Selabrangta | tinumuntur ing Mongragi ||

10. Mangênu ing siyang dalu | ngidul mangetan nut wukir | pidak gronging pangunguran | tan ketang durgamèng margi | sêdya parahing Tunjungbang | mawan wus kalihdasa ri ||

11. Nèng Guwa Langse dinunung | Sèh Mongraga lan kang rabi | jênêk tulus mangun tapa | lir sawênyahing sujanmi | karing ring Parangkusuma | sênêt nèng Parangtaritis ||

--- 11 : 318 ---

12. Yata wontên kang winuwus | sujanma alul§ Prayoginipun / ahlul /. martapi | nèng kananing Parangwedang | guwaning Parangtaritis | lami wus sawidak warsa | awasta Ki Darmèngbudi ||

13. Rikalanira pitêkur | kagyat paningalirèki | ana murub sartambara | dèn-sêngguh kancana adi | Sèh Mongraga pan wus wikan | mring kang sênêt amartapi ||

14. Angartika jroning kalbu | wong iki wus wanèng pati | tapane pan wus tumêka | alon dènnya marêpêki | Sèh Mongraga angsung salam | Darmèngbudi anauri ||

15. Ngalaekum-musalamu | satata angancarani | rêke kang tan katambêtan | ulun anêdha Kiyai | sih pêndonga pakênira | manira nunuwun ugi ||

16. Sang Sèh Adi Amongluhung | nauri wacana aris | ênggèh kisanak mitrèngwang | para anjawab ing kami | pira-barane yèn ana | sih palalira Hyang Widdhi ||

17. Luwih paran para sêngguh | mariki para yun panggih | yata lênggah Sèh Mongraga | mijilkên pangunahnèki | sanalikanya kang guwa | praptane Sèh Mongragi ||Kurang satu suku kata: praptane Sèh Amongragi.

18. Saemba kadya kadhatun | kawuryan sèsinira sri | kumêndhung kadya kaswargan | praba gung jinêmira mrik | langkung ing kaendahannya | lulungsir wastra di-adi ||

19. Myang babanjaran anglajur | andhatulaya inaksi | babatur atundha-tundha | tata matanêming kitri | sangkêp saliring pra kirna | woh muwah kang sari-sari ||

20. Wijiling tirta umancur | awêning mawa ganda mrik | Darmèngbudi ciptèng driya | wong iki sêmono sêkti | katara darajatira | karya eloking pandêling ||

21. Sanyata wong wis linuhung | jajanturane andadi | tandhane janma kuwasa | mawa tejane dumêling | rumangsa yèn antuk tunggal | ring sira Pangeran-jati ||

--- 11 : 319 ---

22. Kadadyan sasêdyanipun | wong iki winong ing Widdhi | kang guwa dadi paseban | mangkana (ng)locitèng ati | baya ana sihing Suksma | kadhatêngan wong linuwih ||

23. Baya mêngko raganingsun | antuk guru kang sayêkti | nyangking sampurnaning raga | kasucianing dunya kir | sumêdya angèstu pada | tan kêdhap angèksa kapti ||

24. Wau ta Sèh Amongluhung | wus wruh saciptanirèki | Darmèngbudi anrap jiwa | sumungku acadhang kapti | cinupan wus têkèng mangsa | lirira wus ambalègi ||

25. (n)Dungkap ing biraènipun | angayun-ayun pribadi | katitisan ing surasa | wani gati êtoh pati | lir kaywa king wus katara | ayun ingagar mêtyagni ||

26. Mongraga wacana muwus | asih marang Darmèngbudi | Kae jêbèng mara tanya | sapa sintên kang mastani | umatur ingkang liningan | Darmèngbudi kang mastani ||

27. Mongraga ngêcupi wuwus | paran yêkti sira yayi | para (ng)guguru mring mara | pan kasasar tan-tuk yêkti | kalurung kadya cithoan | purwa tanpa wasanèki ||

28. Ki Darmèngbudi ngling kalbu | pranyata janma linuwih | uning saosiking driya | nuksma ahli bangsa ati | janma di wus jiwa Suksma | wasana umatur aris ||

29. Singgih tuwan atur-ulun | nadyan sasar kawulapti | angèstu pada ing tuwan | Sèh Mongraga ngandika ris | yèn para tuhu wong kêcap | mijila sing guwa ngriki ||

30. Ambyura ing samodra gung | lamun uga para wani | pratandha para sanyata | angguguru ing sayêkti | puniku dadalan swarga | yèn para yun wruhing jati ||

31. Ki Darmèngbudi umatur | sandika darmi nglampahi | sigra mijil saking guwa | wêdalnya sing guwa wingit | sung cipta mring Darmèngbudya | lah ta mijila tumuli ||

32. Lah Ki jêbèng anakingsun | tampanana sihing Widdhi | ing marga kalih prakara | bêgja cilaka dèn-kèksi | ywa parêk iman bangsa ngam | kalêbêt iman kawasi ||

--- 11 : 320 ---

33. Nèng ngriki pambagenipun | kaluputan mung kadadin | wurung tampa sida tampa | anèng pribadinirèki | puniku sakèthèngira | ganjaran ala lan bêcik ||

34. Mangkana kang sinung wuwus | tan drana Ki Darmèngbudi | sigra ambyur ing sagara | tan ana parak kaliling | asokur ing panarima | maring Hyang Kang Maha Sukci ||

35. Katampan têlêbing kayun | wus kabongbong ing jaladri | kalèmbak kambang-kambangan | pralena kasrah ing warih | pendah samaning kunarpa | (n)dungkap kaênêngannèki ||

36. Malap angganira luyut | kasingêp wus tan kaèksi | purna sanalikanira | nèng jaman wilayat nênggih | têgêse jagad walikan | walaka ana kaèksi ||

37. Paèksan sajroning luyut | sira Kae DArmèngbudiDarmèngbudi. | lir alinggih anèng têpas | myat kang kaendahan luwih | sunar sarwa bramarkata | nir tang rasane sak sêrik ||

38. Mung sokur panrimanipun | kikmah nikmat tanpa bukti | karamatan ing pangiksan | bungah tan bidêngah mèksi | tan pae saciptanira | lir surasaning pangimpin ||

39. Sèh Mongraga mèsêm (n)dulu | (n)dungkape Ki Darmèngbudi | ingawe wahananira | prapta sanalikanèki | ing ngarsa atur pranata | Sèh Mongraga ngandika ris ||

40. Babo bagya anakingsun | wus luwara (ng)gyanta nêpi | muliya maring ing praja | Darmèngbudi matur aris | amba pan langkung lênggana | yèn amba tuwan kèn nulih ||mulih.

41. Singgih amba tan ta dunung | tan raos sasana nênggih | ajênêk anèng sih tuwan | tan mèngèng wèngwèng ing kapti | Sèh Mongraga ris ngandika | nakingsun Ki Darmèngbudi ||

42. Lah jêbèng karsanta uwus | mirarèn (ng)gyanta awingit | lungguh satataning praja | prandene sira lan mami | tinunggil rêke dening Hyang | ywa sira apindho kardi ||

43. Mapaning laku puniku | karsèng Hyang asih ing dasih | wus luwih kautamannya | têkèng purnanèng sajati | Darmèngbudi matur nêmbah | mugi tuwan angindhaki ||

--- 11 : 321 ---

44. Sèh Amongraga nabda rum | nakingsun Ki Darmèngbudi | dèn-wikan paranning tingal | aywa samar ing pandêling | ananing Hyang Maha Mulya | ora beda lan sirèki ||

45. Tunggale ananirèku | ya uga Hyang Suksma jati | bedane pan wawayangan | kita lan Hyang Suksma luwih | nyata yèn upamakêna | ing manah kalawan mosik ||

46. Pan suhuling sih Hyang Agung | sadrah tan ana bedaning | lir suruh lumah kurêpnya | dinulu seje kang warni | ginigit tunggal rasanya | tunggal sajati sadhiri ||

47. Wus sinêjangwinêjang. surasèng hyun | mangkana Ki Darmèngbudi | tan antara sigra muksa | sing ngarsane gurunèki | amalêtik tanpa suthang | mabur tanpa êlar singgih ||

48. Tandhaning wong wus winahyu | atanggap kapti sajati | luwih sihe gurunira | wikan sakarsanirèki | kuwasa ngambah gagana | jlêg prapta sasêdyanèki ||

49. Ing Palembang kang dinunung | nèng mêsjid gung dènnya linggih | sapraptanya ing gagana | gègèr kang wong jalu èstri | padha kagawokan mulat | cahyane kang wau prapti ||

50. Nagri nêdhêng lagya rêtu | rusak kambah ing pagêring | papati tanpa pêgatan | sapraptane Darmèngbudi | praja nulya lir tinamban | nulak wawêlaking nagri ||

51. Katumbal ing jalma luhung | gring sore esuk basuki | gring sore esok waluya | samya suka tyasing janmi | yèku margane prajarja | olya amupangati ||Kurang satu suku kata: oliya amupangati.

52. Mangkya gantiya kang winuwus |Lebih satu suku kata: Mangkya gantya kang winuwus. wontên janmèng tanah Jawi | ngulama trang alul§ Prayoginipun / ahlul /. lampah | wasta Kyai Ragarêsmi | mendra anjalak paningal | nglêlana ngêntèni pati ||

53. Tansah ngayun-ayun lampus | sokur nuli praptèng pati | kabosên nèng ngalam dunya | tan ayun amor ring janmi | tan nana liyan kacipta | mung (n)jajah andèrah pati ||

--- 11 : 322 ---

54. Têgêse lakune lampus | andêlajah ing asêpi | tan ketang durgamèng marga | sura lêgawa ing pati | asêtya tuhu ing lampah | tan kandhêg ing papan tulis ||

55. Langkung dènnya namur laku | lumuh ing panggawe sirik | sawênèh wong alul§ Prayoginipun / ahlul /. lampah | cêgah mangan ngênorngênir. dhiri | dèn-èbèrkên lakonira | mrih kuncara ing sasami ||

56. Abungah lamun ginunggung | kabire angobar-abir | sêmune angungal-ungal | lho aku iki wong adi | sumur lumaku tinimba | ana pindhaning yèn wêning ||

57. Wè (m)bladhêr mlaku dèn-inum | bolu lumaku pinêthik | mêngkono kaprahing kathah | malarat angaku sugih | dume§ Prayoginipun / dumèh /. kumudu katona | dimèn dèn-èram-èrami ||

58. Akèh kang kapêksa punjul | ngungaskên ngèlmunirèki | anganggo tambal-tinambal | kulambi mayit dèn-irip | tan wêruh lamun duraka | aling-alinge sumuci ||

59. Tan kaya wong ahli luhung | sakadar lumuh kaèksi | tan sokur ginunggung ing lyan | anyuda tangating Widdhi | yata Kae Ragasmara | ing wanci surya tumiling ||

60. Lumampah kaparan ing hyun | mangidul arahira ris | sêdya marang Pamantingan | wana ing Gambirawati | ing Guwa Langse Tunjungbang | pagêbyuganing jaladri ||

61. Sêdya sumungku ing ngriku | ing Guwa Langse mimidik | kadya na kang asung cipta | anrang mahas ing wanadri | tan watak kampir ing desa | kapapag sumimpang têbih ||

62. Mawèng tawinging lulungur | tumurun ing jurang trêbis | raina wêngi lumampah | kèndêl yèn wêktu ngabêkti | rosa sunating ngatangat | lumaku lawan adhikir ||

63. Yata wau kang cinatur | kang malanèng guwa wingit | sira Ki Sèh Amongraga | lan garwa Ki Selabrangti | kang bangsa lus nuksma nusa | wadhage sampun kawuri ||

--- 11 : 323 ---

64. Nir tang siwuhirèng kalbu | kabul kaciptaning dadi | tar mamang mring samar-samar | marma sang Sèh Amongragi | alukan sanggya waèla | nis praya têgêsirèki ||

65. Amêge kamuksan luhur | tan pisah lan rabinnèki | rèh wus tinunggil jatinya | ro katungge ing Hyang Widdhi | widagda ing cipta marga | mayèng winayang Suksma di ||

66. Mangkana sang Amongluhung | ngandika marang ing rabi | payo yayi anrah paran | salêngkaning wana wukir | mendra rèh rêkasèng angga | rasèng papa ing ngapipin ||

67. Kang garwa tan lêngganèng hyun | tumuntur karsaning laki | (n)dan mara mijil sing Guwa | Langse nut têpining tasik | manjat gênêng sela-cala | arga ing Gambirawati ||

68. Anguntara lampahipun | nganjor jurang nètèr ardi | mahas ing wana wulusan | tar wang-wang sinrang ing rawi | mrêgil dhidhikil wanarga | asahên soring sulastri ||

69. Non janma ngênêr ing ênu | tanpa kanthi kawlasasih | kêdhap-kêdhap kawistara | Ragasmara dènnya laris | parêk sananing saênan | Ragasmara kagyat mèksi ||

70. Gingsiring surya mèh surup | anon teja anêlahi | murub sacakrèng-gilingan | Ragasmara ciptèng kapti | anarka dede manungsa | mijile teja rêspati ||

685. Mijil

1. Yata awas dènnira ningali | prênahe teja non | ana janma roro pandulune | yata kang lagya mangantya linggih | Kae Sèh Mongragi | alon lingira rum ||

2. Sira maherastutiya yayi | ana janma anom | kang satata agêntyan bêcike | ywa ngênêgi winulat ing janmi | supaya ngrêsêpi | kiswa ywa maruwun ||

3. Tambangraras sinajatèng laki | tan lêngganèng pakon | lèngsèr sing ngarsa mring pakucure | asosotya tapwastra ngowahi | kasêmêkanèki | amaoni pinjung ||

--- 11 : 324 ---

4. Ukêl kiswa mèt lungsèn tinitih | silih puspita non | prayojana usana sayanggè | têgêsira mahayun susumping | jalamprang kinitir | ron tutuping gêlung ||

5. Sèngêh pangayun wijang awiwing | tuhu yèn kinaot | wusnya dènnira karasikane | dyan umarêk sakèringing laki | rumêksa ing kapti | manawa têkabur ||

6. Tambangraras sayêkti janma di | winong ing Hyang Manon | saking lakinira pangêntase | (n)dungkapira maring ing kajatin | purnaning kadadin | wali wanudya nung ||

7. Yata kang sêdya mahayun panggih | wau sapandulon | Ragasmara cêngêng pandulune | têka ngartika sajroning galih | baya sapa iki | jalma kang alungguh ||

8. Mawa teja sajêg durung mèksi | prabawa mangkono | saya kawangwang ingkang agawe | Ragaasmara amuwus aris | lah tuwan ing pundi | ngayun miwah pungkur ||

9. Sapa sintên tuwan kang pinuji | saking têmbe tumon | Sèh Mongraga alon andikane | lamun para katambêtan mèksi | rèyang tan papanti | ngiwung tan nut lurung ||

10. Sakayun mara ngalaya bumi | tan wrin parêk adoh | para tanya marang reyang rêke | Amongraga yèn ana ngaranni | akèh kang nambuhi | tan kondhang ing tuwuh ||

11. Balik para paran kang dêrapi§ Prayoginipun / derapti /. | angênêr patêmon | sapa sintên ta pasambatane | de marang Ke angliru pandêling | têsawuring budi | dudu kang dera yun ||

12. Mring duksina parahirèng ati | ing Tunjungbang langon | apan datan wontên punapine | para wus lawas tan cawuh jalmi | owêling pangaksi | mira kasaliru ||

13. Kagyat tyasira Ki Ragarêsmi | kajatan ing batos | saosike kacupan tan wênèh | anglocipta§ Prayoginipun / anglocita /. sajronirèng kapti | baya ki kang dadi | pageyonganingsun ||

--- 11 : 325 ---

14. Amêkasi saraosing kapti | bêkjaningongbêgjaningong. maksoh | sira Pangeran kang asung ing rèh | sêmune wong iki wus linuwih | angragasukma di | aoliya luhung ||

15. Sun sumêdya anguguruangguguru. yêkti | maring sang Kinaot | Sèh Mongraga mèsêm andikane | mara iku de mênêng tan angling | cêgahing apanggih | tan awawan wuwus ||

16. Yêkti abot wong (ng)guguru yayi | tan kêna ingangkoh | lamun durung waspada tingale | tiwase guru badan tan kari | sa(ng)gonne kacangking | karam katut ing hyun ||

17. Cêgahing wong angguguru yayi | yèn durung sayêktos | kang ginunggung lan kang (ng)gunggung rêke | lamun tan jati salah sawiji | yèku ngumpêt yayi | panggawe rahayu ||

18. Ragaasmara sangsaya dêling | tyasnya kapanujon | datan kumalasar samêndhange | cipta labuh jiwangga toh pati | wasana turnya ris | tan sagêd umatur ||

19. Sampun kacupan raosing galih | tan wontên kinaot | mangsa borong amba paduka rèh | Sèh Mongraga angandika aris | kang mangkono yayi | agampang rinêngkuh ||

20. Lamun para iya bisa angling | luwih ora ewoh | Ragaasmara panggraitane | baya pinrih aku pinarsa ngling | bêcik sun-lakoni | lèjême pamuwus ||

21. Ragasmara mèsêm anyêlori | aturira alon | adêg-sura winor paguyyanepaguywane. | lah Kae sang Alus tapa-tapi | sun tatanya singgih | kadipundinipun ||

22. Pawèstri kang mêsês anèng wuri | mêsês dènnya timpoh | asta sarya sêduwèng wêntise | sumping jalamprang kinitir ron tri | sêmune awadi | sura sabdèng ngilmu ||

23. Sèh Mongraga mèsêm anauri | sira atatakon | wong wadon kang nèng kanan ngong rêke | rabi-mara rowang kawlasasih | ambêntar myang atis | saparan tan kantun ||

24. Samarga-marga ngong uring-uring | tansah angêrêmpong | mara-bêkta lêlana lawase | pilang-pilang têgên atut-wuri | tan wangwang ing rungsit | ing marga kang ewuh ||

--- 11 : 326 ---

25. (n)Jajah mendra pasir wana wukir | ing guwa ingkang grong | apan mundhak dadi bandha bae | marmanya tansah sun uring-uring | Ragasmara angling | kawula angrungu ||

26. Papantêse rêke wong lumaris | parêk mutawatos | lamun kondhang pawèstri mitrane | apan kalih prakawis winarni | wontên ingkang dadi | narik duraka gung ||

27. Pilih pawèstri kang dadya swargi | kèh kunduring lakon | saking dening èstri panarike | ambatalkên rèh karana suci | ambuburêng êning | -ira ing Hyang Agung ||

28. Nyatane nraka jahnam donyèki | badaning wong wadon | têbih saking Hyang Suksma langgate | maring janma kang kulinèng èstri | tiwasing dumadi | jor kapirannipun ||

29. Trusing basa kang kalih prakawis | pênêt lawan wadon | sayêktine jalu lan èstrine | pan minangka swarga narakèki | mung sugih myang miskin | sami dunungipun ||

30. Mukmin lanang kang tinitah sugih | mlarat mukmin wadon | lamun kèrup salah sawijine | yèn malarat nuksma ing asugih | tan labêt yumani | kaluluhan luhung ||

31. Lamun sugih sumurup ing miskin | nir utamaning (n)don | têmah nistha papa saèsthine | kadi-kadi lir paduka singgih | wèh sumêlang ati | kadhoning pandulu ||

32. Mungguh ing ngèlmu datan anapi | tekat kang mêngkono | elok pangilonirèng kajatèn | Amongraga mèsêm anauri | atiksna dèra ngling | kuciwa andungul ||

33. Utamine wong rarasan ngèlmi | ana ingkang kinon | angadhêpi sarta lan agnine | paujudan pawohan lan panti | Ragarêsmi angling | anjawi ing dhukuh ||

34. Ingkang janma ingkang ahli bukti | paran kang tinakon | sarwa wontên kewala pinurèh | kawula tan patyahli desèki | sumanggèng karsèki | Mongraga gumuyu ||

35. Karsa (ng)glarakên mangunahnèki | winong ing Hyang Manon | kaduluran karsa sakadare | aoliya saciptane dadi | tan pantaranèki | sanalikanipun ||

--- 11 : 327 ---

36. Wontên babanjaran kang wisma di | endah ing pandulon | kang kinarsan-wau wontên rêke | nèng madyane pandhapa sumaji | padudan lan agni | pakinanganipun ||

37. Wiwijikan tanpa sangkanèki | ana kang tinakon | woh-wohan myang olah-olahane | Ragasmara mangu dènnya mèksi | èsmu angebati | ing netya sinipun ||

38. Pan kaliling purbaning Hyang Widdhi | susah kang mêngkono | baya janma iku wus kinacèk | nyata yèn wus abadan-sukmèki | Mongraga ngling aris | payo padha lungguh ||

39. Awon tingale nèng latar yayi | prayoga kang manggon | anèng pandhapa wus pinarantèn | Ragasmara anjêngêr tan angling | sakêdhap lir ngimpi | angganya marlêsu ||

40. Yata wus tata dènnira linggih | Amongraga alon | angsung salam paran yayi kiye | arannana dèn-pratela singgih | ing kawruhirèki | aywa sêlang-surup ||

41. Ragasmara aturira aris | paran winiraos | Sèh Mongraga alon andikane | iya paran kang anèng pandhapi | lah dene ta iki | ana kang kadulu ||

42. Samakawis kabèh anyêkapi | rêke paran raos | Ragasmara mangsuli dêlinge | pangaksama tuwan yèn asisip | paran ta puniki | kodrating Hyang Agung ||

43. Pratandhane sih nugrahèng Widdhi | kang gumantung ing wong | alul§ Prayoginipun / ahlul /. iman kang tumêka rêke | kasucian waspada ing dhiri | -nira kang pribadi | ing pasuhulipun ||

44. Kadipundi karsanta punapi | dèrèng kapanujon | Mongraga ngling atut sojar lire | lan ing ngêndi (ng)gonne Asma-jati | Allah iku êndi | wujude satuhu ||

45. Lah jawabên iku kang patitis | aywa salah sênggoh | Ragasmara angapti ature | (ng)gyanning Allah nèng gêdhong rêtna di | rêtna jatinèki | tri prakara nêngguh ||

--- 11 : 328 ---

46. Pan kadyèka ing pamyarsa-mami | Mongraga nabda lon | êndi kang aran gêdhong rêtnane | pantogêna banjuring sabda ngling | kang tri prakarèki | Ragasmara matur ||

47. Sun miyarsa ing pitutur nguni | lir katiga rêke | pan ênggonne pan sisimpênane | karsaning Hyang Kang Amaha Sukci | minangka mêmanik | ing bumi sawêgung ||

48. Pan punika kalbine kang suci | gêdhong rêtna rêko | pan ênggonne papan simpênane | karsaning Hyang Kang Kang Amaha Sukci | minangka mêmanik | ing bumi sawêgung ||

49. Ingaranan sosotya di luwih | kinarsèng Hyang Manon | kinarya kêkêmbang jagad kabèh | wênang tinunggil badan Hyang Widdhi | ing dalêm pribadi | ka-alusanipun ||

50. Sèh Mongraga langkung sukèng kapti | ing tyas kasarêjon | kapêthukan ing sapajawabe | ngling puniku pan lalarangan-mami |Lebih satu suku kata: ngling puniku pan larangan-mami. dalan laku iki | pilih ingkang wêruh ||

51. Sira padha lanang lawan mami | êndi kang tuwa nom | paran para apa mara rêke | lah ucapna ingkang apatitis | myang jinisirèki | lawan tartipipun ||

52. Ragaasmara umatur aris | patanyanta rêko | paduka lan kawula tan pae | nèm sêpuhe apan sami ugi | duk purnane dadi | manungsa puniku ||

53. Anandhang martabat sapta singgih | tan na bedaning wong | lanang wadon ratu lan kèkèrèkekere. | kadadyaning manungsa puniki | kang tinitah urip | lir tirta lan ranu ||

54. Bedanipun ing dalêm ngaurip | duryat sih Hyang Manon | bêgja cilaka kathah kêdhike | panjang cêlak lali lawan eling | untung ala bêcik | saking duryatipun ||

55. Takdir kirang sêdhêng lawan luwih | luhur lawan asor | wijiling karsa Hyang Agung rêke | lantaran wiwinih duryat nênggih | paduka lan mami | sami jatènipun ||

56. Lamun pinèt ing lair rahsèki | sayêkti yèn kaot | wus muayan ing dalêm wênyahe | sêpuh paduka kalawan mami | dede timbangnèki | kathah kaotipun ||

--- 11 : 329 ---

57. Mongraga ngling patut ujar iki | wontên malih kaol | mungguh ngèlmu lan kawruh bedane | Ragasmara aturira ririh | ngèlmu jatinèki | wrananing Hyang Agung ||

58. Sasat ugi wujuding Hyang Widdhi | wênang silih sênggoh | Hyang kang bijaksana kèh juluke | istingarah pinèt ing anasir | yêkti angakoni | tuhuning jujuluk ||

59. Kawruh iku pan kalbining mukmin | tingal kas dan pêdhot | mring Hyang Agung maha sukcèkake | sajatining kawruh apan ngèlmi | sajatining ngèlmi | wujuding Hyang Agung ||

60. Pralambènipun jatining ngèlmi | upami bêsaos | sêkul kang pinangan sadinane | kawruh kang (n)duwèni pangan nênggih | sayêkti tan kenging | sah sasananipun ||

61. Amongraga kacundhuking kapti | langkung sihira non | angling atut ujarira rêke | wus utama kawruhira yayi | kuciwa sathithik | kèngêr keblatipun ||

62. Ragasmara kêlangkung sung brangti | mring sang lêlanèng (n)don | tur pranata sarta prasêtyane | sêdya (ng)lêbur tapak risang yogi | cipta tan kêna wis | tumuntur tan kantun ||

63. Sèh Mongraga rèh wus ngudanèni | angandika alon | para paran sayêkti kajate | angguguru tan ulap pandêling | sira apa wani | lumêbèng agni gung ||

64. Lamun sira wani anglêboni | agni murup marangGuru lagu seharusnya: 6o, agni murub marong. | yêkti tuhu sojarira rêke | lamun tan wani tanpa gunèki | sira Ragarêsmi | sandika turipun ||

65. Gya Sèh Mongraga musus kaywa king | ngagar nulya dados | samya linggar saking (ng)gyan katrine | musna banjaran datan kaèksi | mulih wahananing | wana duking dangu ||

66. Agni agaran ngobar wanadri | (m)branang alas kobong | kabaranang wrêksa gêng alite | murub ngarab-arab anglangkungi | kadya wukir agni | swara sru gumrubug ||

67. Mulat-mulat pawaka ngajrihi | katêmpuh ing bajro | tanpa sesa sining alas kabèh | balêdhosan kadya ruging wukir | angebat-ebati | kang wana tinunu ||

--- 11 : 330 ---

68. Tampêging kukus ngayuh wiyati | lir mêndhung mageyong | Sèh Mongraga alon andikane | paran sèstu sura sira yayi | malêbu ing agni | murub gêng puniku ||

69. Ragasmara anon punang agni | tar wawang tumonton | datan mawi umatur nulya ge | malbèng agni murub tan awigih | tumamèng (n)jro api | sing sabdaning guru ||

70. Rasaning panas datan kalingling | amblês ing tutunon | Ragaasmara duk nalikane | anèng sajroning dahana basmi | luyuting pandêling | kadêlahanipun ||

71. Nimpah pangiksanirèng kajatin | kaananira non | datan mulat kataring batine | ana kawistara maligya-di | lèn banjaran sari | sariranya dunung ||

72. Anèng wangun têpas kang linuwih | kaêning pandulon | tanpa sesa kikmah kang tinungge | anèng jaman nikmat sihing Widdhi | nir sukêr sak-sêrik | suka rêna sokur ||

73. Kadya wus lawas salamènèki | dènnira amanggon | sasanèng jagad wawalikane | kang katêmbèn mèksi kang di-adi | tan rumangsa yèn ing | lagya wêktunipun ||

74. Mangka sang Sèh Adi Amongragi | kalanira anon | marang Ragasmara wus antuk rèh | (n)dungkaping paningal têkèng jati | ingawe kaping tri | Ragasmara gupuh ||

75. Marêk ing ngarsane gurunèki | nêmbah makidhupoh | Sèh Mongraga aris andikane | wus luwara yayi Ragarêsmi | antuk sihing Widdhi | sampurnaning wuyung ||

76. Sira wus tan beda lawan mami | kupu ing (n)dalêm (n)don | Ragasmara ngabêkti ature | sakalangkung sih tuwan kapundhi | lami ngendra pati | amba angêlangut ||

77. Dèrèng manggih lir tuwan puniki | kawula sêdya toh | -jiwa ngèstupada dêlamake | datan darbe pangkiksanpangiksan. lyan saking | paduka sang yogi | amba atut pungkur ||

78. Ywa kêna sah sanalika mami | tumutur têkèng (n)don | dipun-kongsi têkèng dêlahane | Sèh Mongraga angandika aris | paran sasêdyaki | pan muga jinurung ||

--- 11 : 331 ---

79. Pan kuciwa yayahing alinggih | sira lawan ingong | ulihêna lir wau têpase | lawan manira ayun abukti | akarya-a yayi | sasaji kang luhung ||

80. Rèhning samya muji ring Hyang Widdhi | abuktiya rêko | sarating agêsang lan panganne | dimèn kuwat pangibadahnèki | sêpatute wajib | lawan mangan turu ||

81. Ragasmara matur angabêkti | pundi janma kaot | (ng)gonning aoliya samangkene | langkung dahat kawula yun bukti | Mongraga ngling aris | iya sira iku ||

82. Ragasmara matur tan kuwawi | botên ketang ingong | cipta dèrèng tumêkèng aluwe | Amongraga mèsêm ngandika ris | lah kaya-a yayi | dadaring aluhung ||

83. Wus tan pae sira lawan mami | aywa walangatos | angucapa kadarira rêke | murwèng kayun langgat sihing Widdhi | Ragasmara tampi | sih idining guru ||

84. Ngucap subkanalah nasran ngajij | kang muga Hyang Manon | aparinga sih kamurahane | janma langip minta ayun bukti | ana-a saiki | sisinoming ngayun ||

686. Sinom

1. Yata sanalikanira | mijil mangunahirèki | saciptanira katêkan | minta têpas sèsinèki | jinurung ing Hyang Widdhi | kalawan idining guru | jlêg ana kang sasana | wangun bêbanjaran sari | lir sawarga-di mulya sru kaindahan ||

2. Apan ta tanpa pinangka | purwane ana inaksi | lunggyèng madya made panjang | dhadharan sangkêp sumaji | ingajang piring rukmi | miwah sêkul munggèng sumbul | lam-ulaman mawarna | Sèh Mongraga ngandika ris | lah wus yayi payo padha kêmbul nadhah ||

3. Kamurahaning Pangeran | sung pangan bêcik binukti | dudu pawèwèhing janma | rijêki Allah marêngi | aywa awigih yayi | rêke kewala akêmbul | ingkang liningan nulya | akêmbul nadhah wong katri | langkung nikmat kadi datanpa tuwuka ||

--- 11 : 332 ---

4. Têmbe surasaning pangan | durung-durung anutugi | mangkya wus walya talatap | lirnya panadhahing latip | dudu pangan sayêkti | pangan rasaning alêmbut | amung rahmat kewala | anglir rasaning pangimpin | wus antara luwaran dènnira nadhah ||

5. Sira Nikèn Selabrangta | mirèkkên ambêng ing§ Prayoginipun / sing /. ngarsi | gantya dhadharan sinajya | kang pinire isi malih | tan ewuh kadi nguni | sêkul lam-ulamanipun | kêndhi pratola rêtna | tan awèh kêbêking warih | wus samyeca kang jaman nèng karahmatan ||

6. Sèh Mongraga ris ngandika | yayi pasêmoning Widdhi | aja sira kajahatan | ing solah muna lan muni | ywa kongsi kasaliring | rupaning jagad sawêgung | tan kêna winilanga | rupa-rupaning dumadi | apan padha kewala sadayanira ||

7. Tan liyan sawiji rupa | anging ing Hyang Maha Sukci | praseje lawan karijah | dabah myang sakèhing jirim | miwah jêrmi kang mukmin | kang mojud kabèh ran makluk | karijiyah ing karsa | kinarya lawan pribadi | taktan. kasêlan sang nala dadining ana ||

8. Sakala donya pan anyar | mung Asya kang dèn èmpêri | tan kêna ingaran anyar | kadim sajatinirèki | karana Asya iki | kang wus man marang Hyang Agung | kinarya gantya rêtna | wawadhah kang luwih adi | mot purwane ngèlmune sira Pangeran ||

9. Kadi purbaning Hyang Suksma | sujanma kang mrasèjèni | pan kinarya kanyatahan | saliring karsa Hyang Widdhi | kadas kang nêmbadani | budi kang maring Hyang Agung | linanggat ing nurbuwah | tinunggal anungge ciri | upamane lir banyu kalawan toya ||

10. Sira Kae Ragasmara | tyasira dèn-palimpingi | tatap panggraitanira | umatur saha wotsari | lah ta tuwan kang pundi | Allah ing prasèjènipun | lawan kang bangsa anyar | mugi tuwan sung pandêling | lawan Asya kang wus man marang Hyang Suksma ||

--- 11 : 333 ---

11. Sèh Mongraga lon ngandika | marang rubiyahirèki | yayi Nikèn Selabrangta | sira saurana yayi | patanyan kang sêdya mrih | têkèng kajatèyanipun | ywa sira sêlan tampa | krana Lah dipun patitis | jatènana iku yayi arinira ||

12. Wau Nikèn Selabrangta | dinuking tingal mring laki | pasaja tyas tan lênggana | nauri patanyanèki | yayi prasèjènèki | Hyang Suksma Ingkang Maha Gung | prasèjè lan kang anyar | Dating Hyang Kang Maha Sukci | pasthi kêna tan kêna kinarya apa ||

13. Kahananing angling Asma | tan warna rupaning Widdhi | tan kantha myang ambu rasa | tan arah ênggoning Widdhi | pasthi ananirèki | tan kadulu ing pandulu | nyana tan ginraita | glèthèkan pinêthik dening | kira-kira karana tanpa tuduhan ||

14. Marma Hyang Kang Maha Mulya | aêlit kalih prakawis | ngumum ngèlmune Pangeran | ginusthi ing para mukmin | lit ing kalih prakawis | napi lan isbat puniku | liring napi tan ana | suwung tan kêni winarni | wuwus karam kapir kang aran (n)di ana ||

15. Liring isbat iku ana | pasthi ananing Hyang Widdhi | lawan bala kasat mata | tan kasèpa ing supami | ana-ananing urip | [...] |Kurang satu baris: 8u. langgêng tan beda |Kurang dua suku kata: langgêng tan ana beda. kang napi ananing pati | urip iki kapurba solahing pêjah ||

16. Iku jatining larangan | tan kêna cap ing wong mukmin | rèh tan kêna ginagampang | lakuning urip mring pati | sapa wonge sawiji | mati jroning uripipun | jatining kanyatahan | rip lèjêm wujuding pati | dungkapêna yayi roroning atunggal ||

17. Sasolahe wong wus Suksma | wali ananing Hyang Widdhi | datan kêna karusakan | kang wus apana ing pati | Ragarêsmi turnya ris | kakang (m)bok dènnya sung tuduh | amba kalangkung rahmat | kaidayat ing pandêling | kakang êmbok kawula malih têtanya ||

18. Atur kawula ing kakang | prêlu punika kang pundi | lèjême ingkang sajatya | sang waela Selabrangti | aris dènnya nauri | manira darma amuwus | saking sabdèng (n)Jêng Tuwan | karane sarengat iki | pinangeran santosa kalawan salat ||

--- 11 : 334 ---

19. Lampah kang samar punika | agung paedahirèki | kang têka ing têgêsira | yèku wite lampah yayi | marma na ganjaran sih | wusing têkèng têgêsipun | laku jatining salat | sadurunge nêtês yayi | lampah iki nora nana hukum sawab ||

20. De kang parlu têgêsira | marga kalanggêngan yayi | ananira iku iya | yèn wus têkèng paran singgih | ing laku kang utami | tandhantuk sawab sih agung | sinung trang kawaspadan | jatining lampah donya kir | turnya kasinggihan kang (m)bok sojarira ||

21. Apadhang raosing driya | kawula malih sinung ling | kang parlu kalawan sunat | punapa kêniya tunggil | tuwin botên manawi | Selabrangta aris muwus | dening apa yèn uga | yayi kang sampun sêjati | sayêktine pasthi kêna tunggalêna ||

22. Yèn sampun nêlaskên lampah | lampahing wong sampun luwih | datan aetang wêktunya | tansah tinunggil Hyang Widdhi | nèng pangayunan nênggih | tan etang ing sunat parlu | kawruhe tan pèpèka | tan kandhêg daluwang mangsi | dene wêktu punika rêke wus nunggal ||

23. Tansah karon papasihan | Ragasmara muwus aris | de ayu têmên si kakang | Sèh Mongraga gumuyu ngling | dening adaya yayi | (m)bakayunta dera-(ng)gunggung | lah yayi Ragasmara | tutugêna aprang ngèlmi | dèn arêbut aywa yayi taha-taha ||

24. Dèn suala ing surasa | ywa kêna kurang salirning | Ni waela Selabrangta | linilan awawan angling | wasana ngandika ris | yayi paran karsanipun | ana kêcap mangkana | sapa arannira yayi | lah jawabên dèn-patitis Ragaasmara ||Lebih satu suku kata: lah jawabên dèn-patitis Ragasmara.

25. Ki Ragarêsmi turira | kakang kawula miyarsi | kanugrahan araningwang | Selabrangta anauri | paran liripun yayi | kanugrahanirèki |Guru lugu seharusnya: 8u, kanugêrahanirèku. matur marma punika | kanugrahan sing Widdhi |Kurang satu suku kata: kanugrahan sing Hyang Widdhi. sajatine wawayanganing Hyang Suksma ||

26. Wayangan puniku Asma | kanyatahaning Hyang Widdhi | lah paran karsanta kakang | Nikèn Selabrangta angling | pamane tandha yayi | pan maksih kurang sauntu | (n)dungkape ing

--- 11 : 335 ---

kayaktyan | dènnira tatakèn malih | sajatining wadon sajatining lanang ||

27. Jroning wadon ana lanang | jroning lanang ana èstri | yayi ucapna kang nyata | Ragarêsmi matur aris | inggih pamyarsa mami | jatining lanang puniku | ananing roh kang murba | misesa jisim puniki | roh ilapi puniku pan roh wanudya ||

28. Andhêdhêr sajroning lanang | dene sajatining èstri | apan karsaning Pangeran | ananing roh kudus nênggih | dene arannirèki | punika apan roh kudus | tumanêm ing wanudya | marma lanang tyasirapti | mring wanudya-wanudya kayunning priya ||

29. Wanudya paworing priya | sajatine sami èstri | kang satuhu ingaranan | lanang ananing Hyang Widdhi | de tan anamur budi | maring Hyang Kang Maha Luhur | lan paran karsa kakang | Ni waela Selabrangti | angling atut têmên yayi ujarira ||

30. Nging maksih sarwa kuciwa | kurang sadungkapan yayi | Ragasmara aturira | kang mugi kakang sun dêling | anjatèkkên ing angling | mênggah ing sampurnanipun | Selabrangta ris nabda | pan kaya durung (n)dungkapi | ing wêktuning rasa surasaning sabda ||

31. Manawi sasangat dina | Ragasmara matur aris | dhuh dene angêmu rasa | wadining ngèlmu asangkrip | kawula matur singgih | tatanya ingkang satuhu | lah sapa sintên kakang | Pangeran-(n)dika sajati | ucapêna jawabe ingkang pratela ||

32. Padha samêngko kewala | ywa mawi tètèbèng nyai | Ni waela Selabrangta | nauri patanya gati | lah iya ingsun iki | Pangeran sajatinipun | sun sira tan prabeda | jatine nora kakalih | iya sira iya ingsun iki Suksma ||

33. Karam ngucapna kawula | kawula sampun kawuri | Ki Ragasmara nor jiwa | ing tyas wus tan mindho kardi | lêsu sarira kadi | dèn-lolosi tulangipun | Sèh Adi Amongraga | suka têmên ingsun iki | anênonton prangira padha jayanya ||

--- 11 : 336 ---

34. Lah yayi bêdhaggên pisan | arinira Ragarêsmi | dimèn lir wong sisinggahan | alatah Ki Ragarêsmi | mèsêm Ni Selabrangti | Sèh Mongraga sru gumuyu | sarya ris angandika | wus yayi padha basuki | paran mara wus nunggal padha salaya ||

35. Nugraha jatining tampa | wus man ing dalêm kajatin | kabèh iki pan Pangeran | yèn tan langgênga kadyèki | akayun ing kadadin | tingkahe andadar laku | pasthi atêmah sasar | kewala kengang puniki | kaluputan saking juwêting pandadar ||

36. Kasiku ing pribadinya | mungguhing Hyang Maha Suci | tan kengang winêyah karsa | batal kawaleyanèki | [...] |Kurang satu baris: 7i. dèn akunci pamintèng hyun | rèhning wus kanyatahan | kang liningan narimèng ngling | Sèh Mongraga karsa anampi ing driya ||

37. Yata kabèh ing pangiksan | suh sirna tan ana kèksi | mulih kamulaning wana | tan na ing Gambirawati | Sèh Mongraga ngling aris | marang ing pamitranipun | lah yayi Ragasmara | sira wus antuk sih Widdhi | luwar saking papa (n)dungkap ing kasidan ||

38. Ywa walangati ing cipta | mring rakanta Selabrangti | sung wuwus ing kauwusan | jalar ngêningkên pandêling | Ragasmara ngabêkti | anguswa pada ing guru | miwah mring Tambangraras | ngabêkti umatur aris | dhuh sang Adiluhung kang sipat Pangeran ||

39. Kawula datan kumêdhap | ing sakarsa anut kapti | ywa sah sanalika tuwan | tan sêdya mangsuli angling | Mongraga ngandika ris | aywa susah dera wuwus | cêgah anglairêna | sun wus rêna tyasirèki | yèn sêmbada payo yayi lumaksana ||

40. Marang dhukuh Wanantaka | titinjo kakangirèki | kang padha kukuwèng desa | jênêk nèng palanggatnèki | payo pinarah yayi | sêdya mring rasaning laku | lawan janma wèntèyan | ngalam (ng)ganning limang bêkti | kudu angibadah tan kêna pot salat ||

--- 11 : 337 ---

41. Mangkana Ki Ragasmara | nir tan walang ciptèng ati | marang guru kalihira | sang waela Selabrangti | suhudira anggusti | ambêg wus ambapa-biyung | mangkana dènnirarsa | umangkat saking (ng)gyannèki | sêdya ngalèr ngetan pan anduduk lampah ||

687. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Tandya mawan linggar sing sasananipun | lunguring Gambirawati | kalawan rubiyahipun | tri sang siswa Ragarêsmi | anganjor ing jurang ajro ||

2. Pajar sidik sumirat Hyang Arunèsuk | angênani wana wukir | kalamukan dening pêdhut | marêmêng mandakarani | sunaring surya ya silo ||

3. Asrang swaraning rês-rês wrêjit wana gung | jongkang jangkrik bring ngangrangi | barung sabawaning manuk | tilêm pang nama mêlingi | akitêran samyandon woh ||

4. Sêmpyoking pang siyutan ro kang katiyup | ing angin pan aninipis | bêntar baskara narawung | mangkana dènnira laris | parah tirahning (ng)gyan sigrong ||

5. Nganjat panètèran lêlêngkaning gunung | ngandhap lampahira dening | kang garwa dènnya lumaku | Ni waela Selabrangti | samarga-marga rèrèndhon ||

6. Amapalat ing dhusun pan datan ayun | lamun kampirèng desèki | kewala laju andarung | raryan kalamun ngabêkti | tansèng wana yèn kadalon ||

7. Nêngna wau kang sêdya andon lumaku | gantya kang kocapa malih | nênggih Wanantaka dhusun | Jayèngrêsmi Jayèngragi | acikal-bakal nèng kono ||

8. Dènnya samya ambubak babakan samun | sêdhêng tumrunaning kitri | cinatur ing laminipun | pan sampun panca warsèki | akêtêl wilis sri tinon ||

--- 11 : 338 ---

9. Pan rinakit pataman tanêmanipun | sangkêp pra-kirna§ Prayoginipun / pla-kirna /. myang kitri | akarya toya tinutus | saking sela tuk kumriwik | anglaleyan ing lêlangon ||

10. Tirta irat mijil ing§ Prayoginipun / sing /. mangunahipun | sira Kae Jayèngrêsmi | nèng wana sana dinunung | muslinmuslim. tyasira sinukci | ngulama trang ing pandulon ||

11. Masjidira tan pati agêng amunggul | kaiksan saking atêbih | kalangkung asrinirèku | pala-pala amarnani | tan na lêbar mangsaning woh ||

12. Salatira tan akèh amung tatêlu | Iman-sêca Iman-suci | Iman-bakin katrinipun | kang samya wisma tutwuri | ingkang angglidhigi dhukoh ||

13. Datan arsa tinut wong kathah dhêdhukuh | manawa angraramèni | sakadar sumêdya namun | nêtêpi dènnya nênêpi | angêningakên pandulon ||

14. Tan prabeda Jayèngraga dènnya dhukuh | nèng Wanatawang amêncil | sabatira namung têlu | Jati-jiwa Jati-sêmi | Jati-ngarang katrining wong ||

15. Pasang rakiting dhukuh sakaliripun | tan pae rêrekanèki | kirihing toya pinêcut | sawiyah-wiyah ing kitri | kang beda padha sri tinon ||

16. Lir kinêmbar warnane dhukuhanipun | tur têbih antaranèki | brang lèr kalawan brang kidul | samya têpining wanadri | lêt Jujurang Jangkung rêko ||

17. Salaminya dènnira sami dhudhukuh | nèng tanah Wanantakèki | pra kulawangsanirèkiGuru lagu seharusnya: 8u, pra kulawangsanirèku. | saanak myang magêrsari | ing Wanamarta kèh tinjo ||

18. Sumawana para paman-pamanipun | Suwarjo Wiradhusthèki | Panukma lawan Panamur | miwah Ki Kulawiryèki | Luwaran lawan Malangbong ||

--- 11 : 339 ---

19. Atanapi para kaponakanipun | miwah kalangênanèki | duk anèng Wanamartèku | Sinung Surat duk ing nguni | kang cinara ronggèng wadon ||

20. Ingkang samya sêdya prapta sadayèku | tan lami gya kinèn mulih | kang sadalu kalih dalu | tri dalu laminirèki | tan patya tuwuk papanggoh ||

21. Kang pra paman marang putra kalihipun | samya angaturi mulih | anging kang putra tan ayun | sumados kewala benjing | ing tyasira sêdhêng bombong ||

22. Yata Jayèngraga lan rubiyahipun | lawan sabate sawiji | Jati-ngarang kang tut-pungkur | mangalèr mring Wanasêpi | dènnyarsa Jumungah mêngko ||

23. Marang ing Wanantaka kampir dhukuh |§ Kirang sawanda, prayoginipun katambahan / ing /. dhukuhe Ki Jayèngrêsmi | Wanasonya yata wau | nalikanira alinggih | lan garwanira nèng suro ||

24. Jayèngrêsmi mangkana wau andulu | kang rayi prapta sarimbit | ingawe majêng sing§ Prayoginipun / ing /. ngayun | kang rayi kalih agipih | rumèpèh lampahira lon ||

25. Atur sêmbah salamira kang alungguh | Turida lan Rarasati | wus anunggil anèng pungkur | Jayèngrêsmi ngandika ris | wus pira lawase mêngko ||

26. Anèng kene (ng)gyannira padha dhudhukuh | kang rayi umatur aris | kadi sampun gangsal usum | sisidik dhukuh ing ngriki | de sampun sarwa andados ||

27. Jayèngrêsmi aris pangandikanipun | paman kang wus padha mulih | Suwarja Wiradhusthèku | Panukma Panamar tuwin | Kulawirya lan Malangbong ||

28. Paran uwus prapta Wanamarta dhukuh | matur kadya sampun prapti | ing krajan Wanamartèku | lamun kêncêng ing lumaris | anjawi ing lampah rèndhon ||

29. Sawêg sapêkên dènnya sami mantuk |Kurang satu suku kata: Sawêg sapêkên dènnya sami umantuk. yèn rêmbên anèng

--- 11 : 340 ---

ing margi | kados dèrèng sagêd rawuh | yèn botên (m)bènnipun prapti | lamun kabêtah nèng jawoh ||

30. Jayèngrêsmi alon dènnira amuwus | patut ujarira iki | yèn durung prapta ing dhukuh | ewuh-ayaning lumaris | kudu mrih ecaning lakon ||

31. Pitêmbunge paman-paman sadayèku | manira lawan sirèki | padha tinimbalan mantuk | marang (n)Jêng bapa Kiyai | ana gêrahe ing mêngko ||

32. Jayèngraga matur inggih marmanipun | paman ta sangêt turnèki | paduka ngaturan kundur | saking gêrahe (n)Jêng Kyai | mung pra putra kang dadya wot ||

33. Ingkang asring-asring tinakèkkên wau | myang ibu kalangkung kingkin | myat (n)Jêng Kyai gêrahipun | tan miyat sawiji-wiji | Jayèngrêsmi ngandika lon ||

34. Paran mungguh yayi ing prayoginipun | kang rayi matur manawi | parênging karsa umantuk | marang ing Wanamartèki | ingkang punika supados ||

35. Manggih sênggang (n)Jêng Kyai ing gêrahipun | tumingal ing para siwi | yèn paduka dèrèng ayun | priksa paduka tutuwi | Jayèngrêsmi lingira lon ||

36. Pan manira durung kabuka ing kalbu | ciptaning tyas yun papanggih | lan kakang Sèh Amongluhung | gumantung tyas ngarsi-arsi | gampang yèn sun wus kapanggoh ||

37. Lawan kakangira sang Adi Mongluhung | karya manira akapti | mulih mring Wanamartèku | lamun durung ngong papanggih | ngong durung darbe sasagoh ||

38. Jayèngraga tumungkul sumanggèng kayun | Jayèngrêsmi angling malih | payo padha mring masjid gung | bar-Jumungah mupung enjing | kang rayi sandika karo ||

39. Nulya maring Wanantaka kalihipun | rubiyah samya tan kari | ingari§ Prayoginipun / ingiring /. santrinya têlu | lumampah dulur nèng margi | antarèng lampahnya rawoh ||

--- 11 : 341 ---

40. Jajar lawan Anggungrimang wurènipun | nulya sasalaman sami | lan Sèh Mangunarsa gupuh | myang kang cêlak-cêlak linggih | samya tur salam kumroyok ||

41. Ni Turida lan Rarasati wus kumpul | anunggil sami pawèstri | wus samya sunat tahyatul | wului tuwin masjidi | pra santri lajêng gumuroh ||

42. Langkung kathah kang salat ing masjid agung | santri pujiyan myang ngaji | tuwa nom akèh amuhung | kang maksih prapta anggili | lir ana wong awon-awon ||

43. Datan sêsêg janma manjing masjid agung | kang (ng)graita anarkani | lir kudu sabaènipun | bayak-bayake saiki | kang sami salat walios ||

44. Wanci surya têngah bêdhug tinabuh |Kurang satu suku kata: Wanci surya ing têngah bêdhug tinabuh. yata sang Sèh Amongragi | kalawan rubiyahipun | Ni waela Selabrangti | katri siswanta tan adoh ||

45. Praptanira masjid janma tan nana wruh | yèn Kae Sèh Amongragi | dènnya bar-Jumungah makmum | kabèh tan ana nyanani | lamun yèn Sèh Mongraga rawoh ||Lebih satu suku kata: lamun Sèh Mongraga rawoh.

46. Anèng salèring mimbar wêkasanipun | lan siswa Ki Ragarêsmi | kang parêk tan nana wêruh | de waela Selabrangti | wor wadon tan nana kang wroh ||

47. Bêdhugira nulya sinalahan suwuk | rêrêp kabèh tan ana ngling | nulya pra kulawangsèku | adan yat-ayatan sami | abarung sru tumalawong ||

48. Wusing adan sunat sadaya ta uwus | jalwèstri tan nana kèri | anulya Kae Piturun | mangasiran angalang-cis | swara rum bêning sumrowong ||

49. Têkèng ansi wa asmangu wa atingu | arakimi kusulahi | Ki Sèh Anggungrimang gupuh | minggah kutbah slawat ping tri | gya ngidêl Islamu gupoh ||

50. Ingaminan ing santri kathah gumuruh | wusnya gya kang kutbah wiwit | kutbah mudabiril landhung | swaranira rum amanis | karya lam-laming rurungon ||

--- 11 : 342 ---

51. Wus antara kutbah têkèng akiripun | gya (n)donga Tulak-bilai | amine ambata-rubuh | sigra kinamatan nuli | samya ngadêg sakèhing wong ||

52. Ki Sèh Mangunarsa ngamini§ Prayoginipun / ngimami /. nèng ngayun | trap anjênêngkên sawiji | sêmbah bar-Jumungahipun | angêlus niyat tubadil | kramikrat munajat maksoh ||§ Prayoginipun / mansoh /.

53. Purna êning takbiratul ikramipun | lir glap anambêng ngênani | istilah§ Prayoginipun / iptitah /. wajahira lus | wus Patekah kang dan-amil§ Prayoginipun / dèn-apil /. | Inna anjalna winaos ||

54. Rêkangat akhir wusing Patekahipun | apan kang surat Watini | satanginira arukuk | adêge dipun-Kunuti | sujud antara sujud ro ||

55. Tahyat akir têkèng bakda salamipun | angrahabakên pupuji | dikir maca donganipun | santri gantya anasibi | kang ngamin barung gumuroh ||

56. Wus paragat maca salawat sadarum | ngadêg sasalaman sami | midêr warata tan kantun | Amongraga angarèni | wus mudhun sakèh pra wong-wong ||

57. Sèh Mongraga amênyahakên pandulu | mêdhar sarira angaksi | santri wus samya umantuk | tuwa anom jalu èstri | para ri sarkara anon ||

688. DhandhanggulaPada teks asli nomor Pupuh tercetak: 686.

1. Sèh Mangunarsa kagyat ningali | Anggungrimang miwah Jayasmara | Jayèngraga lan rabine | samya katêmbèn (n)dulu | mring kang lagya arsa papanggih | Kae Sèh Mangunarsa | nulya marêk ngayun | anêmbah angaras pada | tuwin maring Ni waela Selabrangti | samya asêsalaman ||

--- 11 : 343 ---

2. Gantya Anggungrimang angabêkti | ngaras pada miwah mring rubiyah | ngabêkti atur salame | Jayasmara mangayun | atur bêkti ngaras padèki | miwah mring Tambangraras | nêmbah ngaras suku | Rancangkapti lan Turida | Rarasati gantya samya atur bêkti | lan maring Tambangraras ||

3. Saha atur pêmbagya pra sami | winangsulan rahayuning sabda | samya nor palungguhane | Sèh Mongraga nglingnya rum | iki yayi wruhanirèki | pan iya mitraningwang | tan pae ing kalbu | wus kupu kalawan sira | bangsa nujba Ragasmara rannirèki | trêsna ing subrangtanya ||

4. Ingsun angsung kadang ing sirèki | aywa sêla asih ing kasihan | sêdya nut mara marang ke | têtêmu lan sirèku | tan aninangkên ingannèki | siswanta Ni waela | Selabrangta iku | marma jor datan salaya | ing satudingira Nikèn Selabrangti | siswane kakangira ||

5. Ingkang samya liningan agipih | rahab gantya-gantya sasalaman | marang Ragasmara rêke | sarta pambagyanipun | amangsuli sabda basuki | wus tan taha-tinaha | akupu samya lul | Ki Anggungrimang acipta | mring kang garwa kinèn angrukti sasaji | Rancangkapti atampa ||

6. Nuding mring Santri Monthèl Cênthini | gupuh mring wisma nampa rampadan | laju tinata ngarsane | Mangunarsa ris muwus | lah suwawi ing ngriku yayi | angalapa sunggata | sumapalanipun | Ki Ragasmara nor-raga | sarya nabda inggih sakalangkung dening | kasuhun sih paduka ||

7. Sèh Mongraga angandika aris | yayi Jayèngrêsmi Jayèngraga | sêdhêng nèng ngriki lamine | kirna tiris wus mancung | pala-pala nuwak-nuwuki | utawi ngamal driya | ngamalakên ngèlmu | kang salèh agama sarak | wus tan mutawatir babaring kajatin | kasidaning wêkasan ||

8. Prayogi yayi mantuka sami | mring dhukuh karajan Wanamarta | dadya pangarêp-arêpe | (n)Jêng Kyai gêng wulangun | lawan dènnya trêsna mring siwi | sun têrka Kyai mangkya | wontên

--- 11 : 344 ---

gêrahipun | bobot tan witta§ Prayoginipun / wètta /. myat putra | marmanipun yayi mantuka tumuli | kurmate wong atuwa ||

9. Jayèngrêsmi aturira aris | inggih kasinggihan sabda tuwan | kala pamanta marang ke | Swarja Wiradhusthèku | Panuksma myang Panamar tuwin | wuragil Kulawirya | sami têmbungipun | kawula kinèn mantuka | yèn ing mangke wontên gêrahe (n)Jêng Kyai | anggung atanya putra ||

10. Amba taksih lênggana tan apti | yèn ta dèrèng panggih lan paduka | ing tyas pan amung (n)dhêdhèrèk | tuduh tuwan pukulun | kumambang rèh drêmi (ng)lampahi | tan nêdya wawan karsa | nut parahing tuduh | sang Sèh Adi Amongraga | angandika langkung sukur yayi kalih | rumahab rèh utama ||

11. Lamun parêng dhanganing tyas yayi | rêke kewala ing benjang-enjang | umangkat rêbat rikate | Jayèngrêsmi umatur | inggih dhatêng sumangga ugi | punapa rèh paduka | tan lêngganèng kayun | Sèh Mangunarsa ris nabda | kang punika yèn sambada yayi kalih | kula yun tumutura ||§ Prayoginipun / tingkasing / [teks sudah benar: 7a].

12. Marang dhukuh ing Wanamartèki | yun uninga tanah pangareyan | tuwin parlu yun papanggèh | mênggah ing gêrahipun | ramanta (n)Jêng Kiyai Bayi | manira wus ubaya | Kyai duk ing dangu | sun marang ing Wanamarta | atirakat lamun pinuju ing kapti | yèn ing ingkasing marga ||

13. Sèh Anggungrimang nambung nglingnya ris | yayi Jayasmara hèh manira | ayun tumutur lampahe | marang Wanamartèku | tuwi ring ramanta (n)Jêng Kyai | panuju paparêngan | mangsa-kalanipun | Ni Rancangkapti milya jar | maring lakènira Anggungrimang ririh | sun mèlu lumaksana ||

14. Yêkti lumuh yèn kawula kèri | langkung dening kawula yun panggya | mring ibu wulangun rêke | Ki Anggungrimang muwus | lah ya payo yèn milu yayi | Monthèl Cênthini mojar | kawula (ng)gih tumut | saparan mring Wanamarta | langkung arsa panggih lan Nyai Malarsih | sarta mring kulawangsa ||

--- 11 : 345 ---

15. Sèh Mongraga angandika aris | iku bêcik padha sabipraya | mupung ana jalarane | (n)Jêng Kyai gêrahipun | kadya dadi tambaning agring | karya mulyaning lara | pra putra kadulu | manira lan kakangira | Ni waela Selabrangti iya ugi | marang ing Wanamarta ||

16. Langkung sokur langkung rêna sami | antara dangu dènnya arasan | sinambi nyanyamikane | manjinging Asar wêktu | Sèh Mongraga angandika aris |Lebih satu suku kata: Sèh Mongraga ngandika aris. sêdhêng padha sêmbahyang | Ngasar manjing wêktu | arahap ingkang liningan | samya mudhun mring pahèran naastuti | sami asalat Ngasar ||

17. Sèh Mongraga wau kang ngimami | wus andadèkakên ing asalat | purna tan na kuciwane | mungguh utamanipun | kajateyanira ngênèni | wus tan bangsa kawula | wimbuhing Hyang Agung | salate wujuding Suksma | saking dening santosa ekram tubadil | mikrat munajatira ||

18. Mulyaning salat wujuding Widdhi | wus antara ing kawan rêkangat | paragat bakda salate | puji dikir donga wus | asêlawat salaman sami | wangsul (ng)gyanning lênggahan | Sèh Mongraga muwus | tutugna (ng)gyanning lungguhan | manirarsa marang Palanggatan mami | Jurang Jangkung ngasrama ||

19. Samya tumungkul ingkang sinung ngling | nulya tumurun Sèh Amongraga | lan garwa saking masjide | siswanira tan kantun | kang pra ari sami ngudhuni | têkèng ing Kalampeyan | dènnira tumutur | wus kinèn wangsul mring wisma | Sèh Mongraga ngênêr mring Palanggatnèki | pulo Jurang Jangkungan ||

20. Yata kang mulih marang wismèki | Ki Sèh Mangunarsa Anggungrimang | Jèngrêsmi Jayèngragane | lan pra rubiyahipun | nèng paningrat sami alinggih | Anggungrimang ris nabda | kang puniku wau | janma pinajar siswanya | rakanta sang de waela Selabrangti | bêgja antuk nugraha ||

21. Reyang pundi kawijilanèki | Sèh Mangunarsa nauri sabda | si adhi apindho gawe | mijil saking anggêntur | brangtanira maring Hyang Widdhi | tokiting kanyatahan | ahli kak sinungku |

--- 11 : 346 ---

suhule wus tan pepeka | amung sokur suka rênanira ngaksi | ing wujude Hyang Suksma ||

22. Yèn ta janma ambabar kajatin | wus tan mumèh yogyaning§ Prayoginipun / dumèh yoganing /. asudra | nistha papa pinangkane | wus kawuri soripun | ingkang wus man kinarsèng Widdhi | pangkat bangsa nugraha | kaidayat wahyu | tan kêna cinatur sèhnya | Anggungrimang umatur inggih o inggih | sabdanta kasinggihan ||

23. Jayèngrêsmi awacana aris | lah kakang Kae Sèh Mangunarsa | lamun sêmbada karsane | ing bakda Ngisanipun | pênêt sami miminta manggih | mring raka Sèh Mongraga | anèng Jurang Jangkung | Sèh Mangunarsa lingira | singgih yayi ing mangkya samya nênêpi | nèng pulo Palanggatan ||

24. Prayogi kewala sapuniki | maring Jurang Jangkung Palanggatan | awêktu ing ngrika rêke | kasinggihan ing rêmbug | nulya samya kapat lumaris | mring pulo Palanggatan | madyèng Jurang Jangkung | kalima Santri Monthèlnya | wanci Hyang Karaba nitih tirah wukir | andulur kang lumampah ||

25. Praptèng Palanggatan Jurang Miling | tumurun nabrang mèrastukadas | samya ing wêktu Mahribe | nèng soring rêjasa gung | sêdyèng sela gigilang langking | Kae Sèh Mangunarsa | angimami wêktu | ing Mahrib wus têkèng Ngisa | wus paragat sunat puji dikirnèki | bakda asêsalaman ||

26. Samya tata dènnira alinggih | Sèh Mongraga wus kapanggih lênggah | nèng sela sumayanane | kang garwa tansèng pungkur | lan siswanya Ki Ragarêsmi | sêdhêng wulan purnama | trang sênên sumunu | kênyare kadya raina | kang para ri tumungkul samya jrih mèksi | Sèh Mongraga ris nabda ||

27. Yayi wuwusingsun ing sirèki | ingkang samya sokur ing satitah | ywa mèri maro titahe | panggrantêsirèng kalbu | yèku yayi ambêbakali | wiwale tekad tama | kang uwus kawêngku | pan sêsandhanganing têkad | ing ngagêsang saking silih salah kapti | kurang waspadèng driya ||

--- 11 : 347 ---

28. Utamakna ingkang wus awajib | wajib iku ahline agama | mêngku agung paedahe | yayi utama iku | ngibadah wus dipun-lampahi | sayogya tinekadna | kasucyaning laku | dadya pangajab karamat | pan ngibadah sasat wujuding Hyang Widdhi | tan kêna apepeka ||

29. Sujanma kang wus man ing Hyang Widdhi | angêgungkên panarimanya |§ Kirang sawanda, prayoginipun katambah / ing /. sarta brangta ing ahline | paran kang dadya ahlul | dèn-utamakakên sung brangti | tan lèmèr ing ahli lyan | sungku sokuripun | mring ahlinira priyangga | kang puniku yayi têtêsing kadadin | bangsa amangaripat ||

30. Ingkang amurugakên kadadin | saking sak-sêrik panggrantêsing tyas | mêngani duka ciptane | ya dyan ngèlmu wus luhung | apil kitab Kur'an angaji | sêmbahyang dèn kongsiya | bênjut bathukipun | tan wontên kadadyanira | dènnya ngaji sêmbahyang duk masih alit | tumêkèng tuwa bangka ||

31. Datan ana babaring kajatin | sabab ngêrèhakên sak-sêriknya | suka mêtu têkabure | laranganing ngaluhung | datan kengang ngambah sak-sêrik | bidêngah cipta rusak | yèn tan kêna iku | karana iku minangka | patukoning sajatinirèng kadadin | kalis ing sak-sêriknya ||

32. Miwah têkabur tan anglabêti | mungkur saking bidêngah sumêngah | mung Hyang Suksma tinon rêke | pangolahirèng kalbu | angêmpakkên kang bangsa ati | angêkêr bangsa lèsan | badan kewala nut | pangrèhing kalbu lan lèsan | datan mèngèng ing ari kalawan ratri | pinardi osikira ||

33. Kang ingaran kas kita puniki | apan badan manut kalbunira | mulyaning kalbu êngane§ Prayoginipun / êngame /. | kêni saosikipun | suhulira Hyang Suksma jati | sêjatining panunggal | kahananing wujud | wujude jasad Hyang Suksma | kang kinêkêr pampit rungsit bangsa gaib | tan kêna kawanguran ||

--- 11 : 348 ---

34. Tadhah nendra rajah tamah kunci | cêgah ngêkèh-kèhkên ing wicara | tan sokur mingsil donyane | dening mulyaning wuwus | antêng darus-dêrês sinangling | sring micara lêlahan | winor guyu-guyu | paguywan nacad sasama | tyas katungkul ing suka tan wruh ing jati | kaprana ing prênèsan ||

35. Apatitis micara mrih sisib | maring sami-samining tumitah | rêbut misil donya rêke | puniku êngamipun | tan andungkap maring kajatin | pama wijining kacang | ginosong ing tunu | amokal thukuling wêka | yêkti pae lan wiji katanêm siti | asrêp mawur kawogan ||

36. Marma yayi dèn waspadèng kapti | aja ninang sidiking wicara | sarta lawan panrimane | wuse ahlulirèku | mring sarengat saraking Nabi | tyas dèn musthi maring kak | kajateyanipun | angrêksa sucining niyat | ingkang mukik mustakik marang Hyang Widdhi | ywa sinang ing konêngan ||

37. Samya tumungkul konjêm ing siti | kaluhuran sabdaning kang raka | tanggap wah tata driyane | samya lon aturipun | maring raka saha wotsari | singgih bêrkah paduka | kang mugi saèstu | babaring sih sabda tuwan | Sèh Mongraga pangandikanira aris | atut ujar raharja ||

38. Wus antara dangu dènnira ngling | wanci mratêlu ratri bangunnya | Sèh Mongraga ris wuwuse | sêdhêng sarapan turu | enjang yayi mangkat lumaris | salam taklim manira | atur nèng ramèbu | ngumume salammanira | maring kulawangsa ing Wanamartèki | tuwa nom samadaya ||

39. Matur sandika Ki Jayèngrêsmi | wanudya waela Selabrangta | lon ngandika mring arine | yayi kalih sirèku | sêmbah rêke kewala mami | atur nèng ibu rama | sarta salamingsun | [...] |Kurang satu baris: 8a. Jayèngrêsmi Jayèngraga sinung angling | sandika kalihira ||

40. Sèh Mongraga angandika aris | lah wus payo yayi aluwaran | para ri sandika ture | nulya lèngsèr sing ngayun | atur sêmbah salamirèki | Mangunarsa Gungrimang | myang Jayasmarèku | kalawan Ki Jayèngraga | miwah Monthèl tumurun marang lyah kali | mulih mring Wanantaka ||

--- 11 : 349 ---

41. Kandhêg nèng Kalampeyan panêpin | wanci pajar gidib samya kadas | ring sêndhang Kalampeyane | samya asalat Subuh | wus antara bakdanirèki | laju mring wismanira | Sèh Mangunarsèku | tata lênggah ing paningrat | waela tri Turida lan Larasati | miwah Ni Rancangkaptya ||

42. Pan wus samya angrukti sasaji | sêkul angêt lalawuhanira | sarta lan nyênyamikane | Mangunarsa ris muwus | sapa kabèh ingkang tut-wuri | padha sira dandana | dèn-samêkta gupuh | Ki Anggungrimang ris nabda | marang kulawangsa kang pinatah kari | ana ingkang ginawa ||

43. Kakang Martaduta Palakêrti | Ki Piturun lawan Darmadana | Prakosa mèluwa mangke | de kang ngong tuduh kantun | Kang Saloka kewala kalih | Salodha ingong-patah | atungguwèng pungkur | ya mangsa bodhowa kakang | karêksane bar-Jumungah angimami | miwah kêndhurinipun ||

44. Manira tan anggawa pra santri | pan amung wong lilima sun-gawa | kanêm kalawan si Monthèl | tan nana liyanipun | kang nandhangi§ Prayoginipun / nandangi /. karya ing margi | kang liningan sandika | tan lêngganèng tuduh | Sèh Mangunarsa ris nabda | payo padha sêsèmèkan mupung enjing | gêpah ingkang liningan ||

45. Jalu èstri samya kêmbul bukti | wus antara dangu dènnya nadhah | luwaran linorodake | marang pamburinipun | kulawangsa Monthèl Cênthini | tuwuk sadayanira | samya samêkta wus | gagawane alêlungan | tan na kurang samêktanira ring margi | kapucung ing wardaya ||

689. PocungTeks asli: Pucung.

1. Yata wau kang samya arsa lumaku | Sèh Mangunarsojar | paran wus samêkta sami | samya matur pan inggih sampun samêkta ||

--- 11 : 350 ---

2. Alon muwus Jèngrêsmi mring Monthèl wau | kakang Monthèl rika | ênggonana dhukuh mami | ya ing Wanasunya ngong-wènèhkên sira ||

3. Kang anguwuh wonge santri anak putu | sira gêmahêna | dhukuh wus wajibirèki | pan manira darma babakal kewala ||

4. Lah ta iku tutugna gêmahing dhusun | Santri Monthèl turnya | andhêku (n)dêkung nuwun sih | sakalangkung-anuwun inggih sandika ||

5. Sira wau Ki Jayèngraga amuwus | lah andika kakang | Piturun ingong pasrahi | patilasan manira ing Wanatawang ||

6. Manira wus datan (n)darbèni dhêdhukuh | mangkya pakênira | sayogya ingkang (n)duwèni | Ki Piturun ature nuwun sandika ||

7. Kang puniku kawula darmi tatunggu | anyapu kaliyang | rêsike adhari kitri | sung rijêki mring janma salaminira ||

8. Mèsêm (n)dulu Sèh Mangunarsa lingnya rum | puniku utama | jariyah ngamaling kitri | sung rijêki mring janma salaminira ||

9. Malih muwus Mangunarsa mring rinipun | suwawi Bismillah | sami mangkat mupung enjing | Martaduta kang anggrêmanana marga ||

10. Kang tinuduh apan sandika turipun | (n)dan samya lumampah | Kae Sèh Mangunarsèki | Anggungrimang Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

11. Èstri catur kang para rubiyahipun | Nikèn Rancangkaptya | Turida lan Rarasati | Ni Cênthini lawan Monthèl kulawangsa ||

12. Ki Piturun Darmadana Prakosèku | Palakêrti samya | wong papat kang anèng wuri | Mrêtaduta nèng ngayun grêmaning lampah ||

13. Kang lumaku wus mijil sing dhadhahipun | napak pasabinan | wanci Hyang Aruna mijil | nipat wawayangan odode wus panjang ||

14. Ruruntung duluring pagalênganipun | kèh wong pitakènan | ramya kang janma makardi | samya kèndêl sadaya tan nyandhak karya ||

--- 11 : 351 ---

15. Amilalu andudulu kang lumaku | kabèh ciptèng driya | Kae Sèh Mangunarsèki | dene kabèh rine padha milu lunga ||

16. Parannipun marang ngêndi kang tinangguh | apa ta lawasa | apa ya anuli mulih | kang wus ngrungu warta angling mring rowangnya ||

17. Kang pinurug marang ing Wanamartèku | miyang wismanira | Kae Bayi Panurtèki | pan bapakne Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

18. Manthuk-manthuk kang tinuturan angungun | wênèh kang kapapag | parlu angaruh-aruhi | badhe karsa ing pundi ingkang pinarah ||

19. Naur wuwus tirakat kono ing ngayun | tan wrin lumajuwa | parêke kalawan têbih | matur (n)dhèrèkakên basukining lampah ||

20. Lon sumaur lah iya andum rahayu | laju lampahira | adulur anèng ing margi | sri swarane paksi manyar munèng tawang ||

21. Myang drêkuku anèng pang brêkutut manggung | kadhasih prit jowan | yèn jalma samya ngaruhi | Kae Mangunarsa mênyang ngêndi baya ||

22. Yêkti suwung ing dhukuh WanatakèkuWanantakèku. | tan na Mangunarsa | sapa ingkang angimami | bar-jumangahbar-Jumangah. tan patut ing Mangunarsa ||

23. Lir kadyèku kang pêksi ing aturipun | yata lampahira | anglintangi têgil sabin | napak pinggir kêtêp wana tarataban ||

24. Lampahipun ngalèr ngetan anut lungur | pra rubiyah ngarsa | Mrêtaduta anggrêmani | milih marga kang gampang datan kasurang ||

25. Anut lurung tumurun jurang aparung | nganjat panètèran | wana kalar têlêngnèki | langkung pêtêng wana gêng-agêng kayoman ||

26. Kèh karungu swaraning pêksi wana gung | bubut buntit podhang | kukuwong lawan barênggi | lir nambrama astuti atur waluya ||

27. Lampahipun malumi rubiyahipun | ngonjot-onjot lampah | raryan sadhela lumaris | nalikanya ing wêktu Lohor asalat ||

--- 11 : 352 ---

28. Bakda Lohor raryan ing sela trênggulu | samya mumucangan | Sèh Mangunarsa nglingnya ris | Mrêtaduta êndi kang marga simpangan ||

29. Ingkang laju maring Ngardipala dhukuh | yun kampira ingwang | pangguh lan Malangkarsèki | narèhakên tiba ing sapanginêpan ||

30. Alon matur pan inggih mangke ing ngayun | ing sela pangulan | tilas patunon wanadri | pan ing ngriku margi ngêrat mara-tiga ||

31. Simpangipun kang mangilèn purugipun | anjog Ngardipala | simpangan kang ngetan nênggih | mring Magiri miwah mring Kalangbrèt rawa ||

32. Manggènipun§ Prayoginipun / Mangkenipun /. kang ngalèr ngetan puniku | maring Pagêrwaja | anjog ing Wirasabèki | Jayèngrêsmi alon umatur ring raka ||

33. Panduka yun kampir ing Ngardipalèku | panggya lan rakanta | Kae Sèh Malangkarsèki | duk rumiyin kawula inggih winêkas ||

34. Lamun mantuk saking pangumbaran ulun | kinèn umampira | mring dhukuh Ngardipalèki | kasinggihan paduka karsa kampira ||

35. Langkung sokur Sèh Mangunarsa amuwus | inggih paparêngan | samya sumêdya akampir | ing wismane Malangkarsa Ngardipala ||

36. Malih muwus lah payo padha lumaku | sêmana anêrang | lamun katanggungan margi | ya sadaya-daya prapta-a ing paran ||

37. Nulya pangguh dyan§ Prayoginipun / (n)dan /. umangkat lampahipun | amalapat karang | padesan tan karsa kampir | napak wana pangrênganpagrêngan. myang pagrumbulan ||

38. Pan andarung wus lêpas dènnya lumaku | anrang parah paran | raryan tan dangu lumaris | têkèng kang tinutur margèng sisimpangan ||

39. Kang nèng ngayun Martaduta ingkang tinut | sumimpang ing marga | mangalèr-ngilèn lumaris | tumuntur ring jurang nètèr palunguran ||

--- 11 : 353 ---

40. Lampahipun tatas katap ing wana gung | mangkas pagrumbulan | wanci wêktu Asar akir | raryan têpining sêndhang samya asalat ||

41. Bakda wêktu umangkat anut lulungur | napak têrataban | patunon tugaran têgil | katon munggul dhukuhe ing Ngardipala ||

42. Sri dinulu gaga pasabinanipun | toyanya angliran§ Prayoginipun / anglirap /. | roking tulakan kumriwik | kabarangun kalurak lawan talucak ||

43. Sranging ranu dhawah gêndhing lir pinalu | ana-njor ing wangan | jrihing wè ing parang-curi | amalêtuk kadya sotya pasuluhan ||

44. Pêksi pingul anjoprah saba ing ranu | lir mênur sumêbar | mèt mangsa wêca ing warih | pêksi êmprit gulathik pêking atêban ||

45. Niyup kabur ginusah angalor ngidul | ramya akukukan | anggonjèng tali sasawi | sarya (n)jojor lire (n)jojor têlurungan ||

46. Mamrih manuk jinojorkên aji kukuk | dadya lêlawuhan | samya kèh kang ngolah pêksi | suka-suka anjojor jurudêmungan ||

690. JurudêmungPada teks asli nomor Pupuh tercetak: 282.

1. Yata kang samya lumampah | suka dènnira andulu | wong wadon kang (n)jojor manuk | andingkik turut galêngan | parigêl sasolahipun | yèn nuju êmprit anêba | binarêng lan jojoripun ||

2. Jayèngraga ris ngandika | wong yèn wus kabisanipun | sasolahe nora kidhung | nalorong êmprit anêba | ya ta lah kèlinganingsun | unine layang wawacan | inggih paribasanipun ||

3. Gêlare Dipati Tuban | pan (m)prit-nêba pasangipun | apane dèn-èmpêr iku | dene kang ayang-uyungan | dèn-pamèkkên baris agung | dospundi kakang Gungrimang | basa (m)pritnêba puniku ||

4. Sèh Gungrimang ris wacana | mangsa borong yayi ngriku | (ng)gyannipun murati wuwus | pangraos kula priyangga | pan inggih mung kumpulipun | kadosta pêksi atusan | botên bênjar pilah purug ||

--- 11 : 354 ---

5. Angidul ngetan ngilènna | rêmpêg ibêr sabiyantu | èsroge lan kaburipun | sadaya sarêng kewala | inggih manawi puniku | pinèt glaring pabarisan | wa-punika sumanggèng yun ||

6. Jayèngraga ris wacana | inggih kados yèn kadyèku | kang pinêndhêt mung (m)byukipun | kang rarasan turut marga | wanci suryandhap tumundhuk | ri tuntung arga lumarap | anapak anèng marga gung ||

7. Kathah papanganpapagan. ing janma | kang lampah ngalèr angidul | kang lagya mangkat lumaku | saking parèrènanipun | ing sêndhang Balara ngriku | myang janma kang patanènan | mêntas ing patalonipun ||

8. Kukuk mulih sowang-sowang | marang padhukuhanipun | urut galêngan andulur | saking lor kidul mangetan | wong kang mêntas undhuh-undhuh | pala-kasimpar mring têgal | myang pala-pêndhêm dhinudhuk ||

9. Miwah mêntas adêrêpan | ginendhong miwah pinikul | kathah wong mandhêg andulu | marang kang samya lumampah | wênèh padha ciptèng kalbu | angèmpêr-èmpêr kèlingan | dhadhayohira rumuhun ||

10. Ran Jèngrêsmi Jayèngraga | kang bagus narêbang bêsus | swarane ngruntuhkên kalbu | sasolahe gawe rimang | wênèh ana bisik wuwus | jêge kae biyèn ika | dhayohe Malangkarsèku ||

11. Kinedanan pra wanodya | Jayèngraga kang angrangkung | rowange nauri wuwus | ya iya ingong kèlingan | Jèngraga ingkang kaumuk | baguse nora kajamak | nanging saiki akuru ||

12. Kabèh mèsêm-mèsêm mulat | wau kang samya lumaku | raryan soring rêjasa gung | têpining sêndhang Balara | sêdya wêktu anèng ngriku | lênggah nèng sela rimbagan | maksih kèh wong kang lumaku ||

13. Pan samya mire sumimpang | jalwèstri kang samya ngangsu | ana wulanjar ngindhit jun | abêsus pangindhitira | êjunne maglik nèng lambung | andêngkèng nyênthing cêthiknya | dhadhane mungal amunyung ||

--- 11 : 355 ---

14. Anglèngèk ngodod gulunya | kêmbên kabêthêng ing êjun | (m)lorot sisih kêmbênipun | manthêlèt melot mênthiknya | gathuk pipit wunganipun | kèngis rong nyari ajênar | lir pupus binêthot pingul ||

15. Dhasar sêmana mêjana | wulanjar boboting dhusun | ing Wuluhsari rumuhun | duk adus anèng ing sêndhang | pagut liringan pandulu | kalawan Ki Jayèngraga | ing mangkya parêng panuju ||

16. Kapanggih malih nèng sêndhang | Ni Lanjar amathêt laku | tindake amagêr timun | randhat nora pati kêbat | liringe pasang dol ayu | gêlung sah saking lungsènnya | tan lukar maksih nyêkênuk ||

17. Binênakkên asta kanan | mêngkap cêcangklakanipun | poking payudaranira | mênthêk maya kawistara | ambêngkle kengiskeris. dinulu | Jayèngraga mèsêm mulat | Rarasati wruh ing sêmu ||

18. Guting èsêming raka |§ Kirang sawanda, prayoginipun / Paguting /. kang raka anamun-namun | kaliringaning angarum | Jèngraga micarèng nala | mendah wruha waunipun | si bojo mêsthi anjothak | sapasar tan aruh-aruh ||

19. Wau ta ingkang araryan | Sèh Mangunarsa lingnya rum | yayi suwawi awêktu | pra ari matur sandika | nulya samya mahèrastu | kados sawusnya sosotya | wangsul (ng)gyan samya awêktu ||

20. Ambabar sêbe musala | nèng sela sumayana lus | wusnya (n)dan gya sunatipun | angamal puji-pujiyan | yata Basariman wau | Pangulu ing Ngardipala | angrungu wartaning tutur ||

21. Yèn ana janma lumampah | dinugarsa amratamu | mring Kae Malangkarsèku | ing mangkya raryan ing sêndhang | anulya Kae Pangulu | mudhun mring sêndhang Balara | yun wêruh kang dadya tutur ||

22. Tan dangu anulya prapta | Ki Basariman andulu | marang kang samya awêktu | lagya kewala asunat | pan dèrèng angangkat parlu | nging wus tan arsa ngandika | binatalakên amuwus ||

--- 11 : 356 ---

23. Ki Pangulu Basariman | tan kilap lamun sang bagus | pan samya waspadanipun | wruh lamun tan kêna nabda | Basariman nulya makmum | manjing wêktu kinamatan | sadaya angangkat parlu ||

24. Pan Kae Sèh Mangunarsa | mangayun ngimami wêktu | wus antara dangunipun | bakda Mahrib praptèng Ngisa | paragat susunatipun | arahab samya salaman | Jayèngrêsmi lon amuwus ||

25. Sung bagya mring Basariman | kang liningan nuwun-nuwun | Jayèngrêsmi malih muwus | kakang Kae Malangkarsa | punapi wontên alungguh | Ki Basariman turira | (ng)gih wontên ing wismanipun ||

26. (m)Bok payo rika untapna | yèn kakang Mangunarsèki§ Prayoginipun / Mangunarsèku / [Biasanya guru lagu 'u']. | lawan para arinipun | Anggungrimang lan manira | tanapi Jayèngragèku | katri sarubiyahira | miwah sakulawangsèku ||

27. Umatur Ki Basariman | inggih sumangga ing kayun | nulya kèrit lampahipun | minggah maring Ngardipala | sêdhêng purnama sitèngsu | ratri wanci bakda Ngisa | tutundhan undhakanipun ||

28. Kumriwik toya kiriyan | angapit marga pinatut | sabin pangunggahanipun | gêntha-gathita jinantra | kumêlèng sinrang ing ranu | ris mara akên liningan | kanan kering sapandhuwur ||

29. Angrarandhat lampahira | ascarya dènnya angrungu | pasang reka rakitipun | akarya srining desarya | sêmpyoking siti katiyup | ing angin kadya nambrama | tur pambagya isthanipun ||

30. Kinira têpining marga | pucaking kayon amunggul | manadukara ing tamu | lir tanduking wong kaduga | sokur dènnirarsa pangguh | langkung kasinggihanira | samya sujanma linuhung ||

31. Wau kang samya aranjat§ Prayoginipun / arandhat /. | wus (n)dungkap panginggilipun | malbèng kori (n)jawenipun | Ki Basariman turira | paduka kèndêl rumuhun | pan kawula apratela | marang Sèh Malangkarsèku ||

--- 11 : 357 ---

32. Jayêngrêsmi lon ngandika | lah yèngsun kantun nèng pintu | Ki Basariman agupuh | umatur wontên dhatêngan | arinta kakalihipun | Jayèngrêsmi Jayèngraga | lawan Sèh Mangunarsèku ||

33. Anggungrimang nêm sabatnya | sakawan rubiyahipun | ing mangkya kèndêl nèng pintu | kagyat Kae Malangkarsa | ngandika mring garwanipun | Malangrêsmi samêkta-a | lah-olahan dèn-agupuh ||

34. Kang garwa matur sandika | nulya Ki Malangkarsèku | mêthuk kang amratamu |Kurang satu suku kata: mêthuk kang amaratamu. sarya ngling mring Basariman | sira timbalana gupuh | iya marang mitraningwang | ingong kadhatêngan tamu ||

35. Sira dèn-rumat ing wisma | gagêlara klasa alus | myang jêrambah lampitipun | ingkang liningan sandika | gya lumampah maring pintu | kalangkung dènnya kasmaran | Malangkarsa mring tatamu ||

TAMAT JILID XI

NYANDHAK JILID XII

--- 11 : [0] ---

...

--- 11 : [0] ---

...

--- 11 : [0] ---

...

--- 11 : [0] ---

INGKANG NGGARAP LAN NGÊDALAKÊN SÊRAT CÊNTHINI LATIN

[Grafik]

KAMAJAYA, punika sêsinglonipun Haji Karkono Partokusumo, pemimpin umum Usaha Penerbitan Indonesia sarta pangarsaning Yayasan Cênthini ing Yogyakarta.

Pangangkahipun Sêrat Cênthini ingkang isi bab sadaya Pangawikan/Kabudayan Jawi (Ènsiklopèdi Kabudayan Jawi), sagêda kawaos dening ngakathah, langkung-langkung para mudha ingkang sampun botên paham aksara Jawi, jêr dèrèng wontên Cênthini ingkang Latin jangkêp satamatipun.

Kamajaya, inggih Karkono Partokusumo lair tanggal 23 Nopèmbêr 1915 ing Surakarta, sêkolah MULO sarta Taman Guru Taman Siswa. Wiwit taksih sêkolah, sampun rêmên ngarang, wêkasan ngayahi dados wartawan nasional, rêdaktur majalah Pustaka Timur lan Mustika ing Yogyakarta (1939), lajêng 'Percaturan Dunia dan Film' ing Jakarta, ngrangkêp rêdaktur Berita Umum, sêrat kabaripun Parindra (1939-1942) wakil pêmimpin rêdaksi 'Rakyat' (1945-1946).

Ing pergerakan nasional: Ketua IM Sala, Sekretaris Parindra Sala, Komisaris Surya Wirawan Jateng, Sekretaris Dep. Pengajaran Parindra, anggota PB Parindra (1936).

Ing jaman Jêpang rêdaktur harian 'Asia Raya', lajêng ing bagian pênêrbitanipun. Ing tahun 1943-1945 mimpin Sandiwara Caya Timur kalihan Anjar Asmara lan Ratna Asmara. Cariyos Sandiwara karanganipun 'Solo di Waktu Malam' kadadosakên buku (1950) tuwin film (1954). Buku karangan sanèsipun 'Sum Kuning' (1971) tuwin buku 'Perawan Desa' (1981) kaolah dados film.

Ing jaman revolusi phisik wontên ing Sala, mimpin PNI, Staf Divisi Barisan Banteng, lajêng kalêbêt staf TNI Brigade XXIV (1946-1948).

Taun 1948 nindakakên ayahan nylundupakên candu dhatêng Singapore kalihan Tonny Wen lan Subêno. Asilipun kangge wragadipun perwakilan RI ing Mancanagari, tumbas sênjata lan pêrcetakan. Sasampunipun uwal saking pambujungipun Walandi lan Inggris ing Singapore tuwin Bangkok, wangsul dhatêng Yogyakarta akhir Nopèmbêr 1949, katungka Yogya dipun jègi Walandi. Salajêngipun aktip ing politik (PNI, Akting Ketua DPRD-DIY, anggota Konstituante), ekonomi (Ketua KENSI, Konggres Ekonomi Nasional Seluruh Indonesia), sastra budaya (ngarang, cêramah, sarasehan ngantos tumut mandhegani Lembaga Javanologi/Yayasan Panunggalan).

Buku karanganipun basa Indonesia lan Jawi langkung 30 judhul. Kêkesahan dhatêng luar nêgêri: Mêsir (1958, Delegasi Ekonomi RI), Amerika Serikat (grant) lan kêliling Eropa (1959-1960), dhatêng Kuala Lumpur, Malaysia (1963), Ibadah dhatêng Mêkah 1958 (Umroh) tuwin Haji 1974.

Taun 1986 dipun sahakên dados Perintis Kemerdekaan (SK Mensos RI 3-5-1986 No. Pol/V/5/1986/PK.)