Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 12 : [0] ---

SÊRAT CÊNTHINI LATIN 12

YAYASAN CÊNTHINI YOGYAKARTA

--- 12 : [i] ---

SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS)

Yasandalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta.

JILID XII

Kalatinakên Miturut Aslinipun dening KAMAJAYA

Penerbit: YAYASAN CENTHINI Yogyakarta, 1991

--- 12 : [ii] ---

Penerbitan punika dipunwragadi dening Dana Banpres S.K. No. 030/8/Th.1988 Tgl. 29-2-1988.

Babon ingkang kalatinakên

Sêrat CênthiniDitulis dengan huruf Jawa.

SÊRAT CÊNTHINI

Koleksi: Balai Kajian Sejarah dan Nilai Tradisional Ditjen Kebudayaan Dep. P dan K Yogyakarta.

Hak Cipta Dilindungi Undang-Undang

Penerbit: Yayasan Centhini

Buku ini dicetak dengan sumbangan Perum Balai Pustaka

--- 12 : iii ---

SÊRAT CÊNTHINI LATIN PARIPURNA

Sêrat Cênthini Latin jilid XII ingkang katur para maos punika minangka panutup. Sampun paripurna wêdalipun Sêrat Cênthini ingkang kalatinakên miturut aslinipun.

Wêdalipun Sêrat Cênthini Latin botên sagêd rancag, jalaran kasandhung bab wragadipun ingkang botên sakêdhik. Wêdalipun Sêrat Cênthini Latin kawiwitan dening Penerbit U.P. Indonesia awujud jilid tipis-tipis, satunggal jilid asli kadadosakên 4 jilid, namung dumugi jilid VI (=1,5 jilid asli), lajêng kèndêl jalaran kêtêlasan wragad.

Pambudidaya wêdalipun Sêrat Cênthini Latin kalajêngakên dening Yayasan Cênthini, jilidanipun miturut aslinipun jilid I dumugi jilid XII, 12 jilid isi 3.468 kaca.

Panggarapipun Sêrat Cênthini Latin punika, kapetang saking wêdalan U.P. Indonesia dumugi satamatipun dening Yayasan Cênthini punika dangunipun watawis 17 taun (1974-1991).

Dene sagêdipun kalêksanan ngantos rampung 12 jilid punika awit saking pambiyantunipun:

1. Ford Foundation kangge jilid I dumugi III ... : Rp. 24.000.000,-

2. Bantuan Presiden (Banpres Nomor: 030/Th. 1988 tertanggal 29 Februari 1988) dumugi sarampungipun Sêrat Cênthini Latin ... : Rp. 49.377.600,-

3. Bantuan sukarela saking para sutrêsna ... : Rp. 4.500.000,-

4. Yayasan 'Mangadêg' Surakarta ... : Rp. 4.500.000,-

5. Ibu Mentri Sosial R.I. .... : Rp. 9.000.000,-

... gunggung ... : Rp. 91.377.600,-

6. Perum Balai Pustaka ambiyantu nyetak gangsal jilid.

Pambiyantu kasbut saestunipun namung cêkap kangge watawis 75%-ning wragad sadayanipun, jalaran rêrêgèn bahan tuwin ongkos cetak tansah mindhak-mindhak. Ewadene sagêd kalêksanan dumugi paripurnanipun.

--- 12 : iv ---

Dhumatêng para ingkang sampun paring pambiyantu, langkung-langkung dhumatêng panjênênganipun Bapak Presiden Soeharto kula ngaturakên sangêt gunging panuwun. Makatên ugi dhumatêng para pamundhut Sêrat Cênthini Latin sarta ingkang sami langganan dumugi ing satamatipun.

Alhamdulillah, sadaya wau amung awit saking bêrkah kamirahanipun Gusti Allah ingkang tansah kula sukuri, langkung-langkung tumrap pribadi kula ingkang anggarap, dene sampun pinaringan umur tuwin kêkiyatan saengga sagêd ngrampungakên padamêlan alih-aksara Jawi dhatêng Latin sarta ngupados lan pikantuk wragad ngêdalakên Sêrat Cênthini Latin ing satamatipun.

Isinipun Sêrat Cênthini Latin punika trêp botên ewah saking aslinipun, wiwitan dumugi wêkasan. Kula namung ngaturi cathêthan ing ngandhap samangsa wontên kalêpatan lan kula aturi katrangan ing bab-bab ingkang kula anggêp pêrlu, kalêbêt ingkang magêpokan kalihan agami Islam. Sadaya wau inggih namung sagaduk-gaduk kula. Mila mbokbilih wontên lêpatipun kula nyuwun gunging pangapuntên.

Kasuwun panyaruwenipun para maos, langkung-langkung para ahli, bilih mrangguli kalêpatan, karsaa maringi priksa kangge nglêrêsakên samangsa sagêd kawêdalan Sêrat Cênthini Latin cetakan II.

Ing wasana mugi-mugi pakaryan wujud Sêrat Cênthini Latin punika murakabana dhatêng para sutrêsna sastra lan budaya Jawi, langkung-langkung ingkang sampun botên utawi kirang paham aksara Jawi. Lan mugi dadosa pancadan wêdalipun Sêrat Cênthini Basa Indonesia lan basa sanès-sanèsipun.

Nuwun.

Yogyakarta, 2 Mei 1991.

Ingkang nggarap Sêrat Cênthini Latin.

[Tanda tangan]

H. Karkono K. Partokusumo

Ketua Yayasan Cênthini.

--- 12 : v ---

PATHOKAN NGLATINAKÊN SÊRAT CÊNTHINI

Pathokan nglatinakên (transliterasi) Sêrat Cênthini kados ing ngandhap punika:

1. Dhasaring pathokan 'Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan', Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta 1977.

2. Pangalih-aksara muhung miturut aksara Jawinipun. Pramila wontên satunggal têmbung sêratanipun Latin warni-warni, kadosta:

sudigbya - sudibya;

masjid - mêsjid - masjit;

watak - watêk - watag.

3. Aksara Jawi kasêrat Latin:

caDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... c

daDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... d

dhaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... dh

jaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... j

yaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... y

nyaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... ny

thaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... th

4. Sandhangan suwantên taling (eDitulis dengan huruf Jawa. ) dipunsêrat: /e/.

Swantên taling ingkang beda pamaosipun kalihan /e/, kasêrat kanthi tandha (diakritik) /è/, i.p. tumrap têmbung-têmbung ingkang kaanggêp pêrlu dipunsukani tandha, kadosta:

Èmpêr - èmpèr;

Lêmpêr - lèmpèr;

Gêgêr - gègèr.

5. Sandhangan swantên pêpêt (êDitulis dengan huruf Jawa. ) dipunsêrat /ê/.

6. Murih runtut saha gampil panglacakipun sabên pupuh dipunwêwahi angka urut: I, II (angka Romawi) sarta pada angka urut: 1, 2 lst.

--- 12 : vi ---

7. Angka urut kaca isining buku jilid 1 angka 1 dumugi tamating jilid 1, kaca 332. Ing jilid-jilid lajêngipun sabên jilid kawiwitan saking kaca 1.

8. Migunakakên têtêngêr:

( ): kangge ngapit perangan wêwahan, kadosta: (m)botên, (ng)gèr, (n)dadosakên.

(?): têtêngêr perangan ingkang mbotên cêtha utawi ingkang risak.

[ ]: ingkang wontên salêbêting têtêngêr punika, botên pêrlu kawaos.

9. Kalêpatan ing dalêm naskah, upaminipun: /gagal/ kaparingan tandha...*) ing wingkingipun, salajêngipun ing ngandhap wontên cathêtan (footnote): prayoginipun /gigal/ = dhawah.

--- 12 : vii ---

ISINIPUN SÊRAT CÊNTHINI XII

Sêrat Cênthini jilid XII isi 31 pupuh, wiwit pupuh 691 dumugi pupuh 722. ... kaca 1-305

Urut-urutan saha gancaring cariyos kados ing ngandhap punika:

I. Lampahipun Jayèngrêmi, Jayèngraga sarabinipun saking Wanataka dhatêng Wanamarta ginarubyug para mitra kulawangsa, mampir-mampir ing dalêmipun para Kyai mitranipun Ki Bayi Panurta, nyipêng lajêng nêrusakên lampah. Para Kyai sami tumut, badhe sowan Ki Bayi Panurta saengga rombonganipun tambah-tambah ngantos dados tiyang salangkung.

1. Dumugi ing Ngardipala ing dalêmipun Sèh Malangkarsa rombongan kinurmatan lan sinugata. Dalunipun sasampuning dhahar kêmbul, lajêng têrbangan, singiran, emprak, ojrat, dipundhulêngi para èstri. Ni Pêlangi bojonipun Sèh Modang wasis andhulêng, gandrung dhatêng Jayèngraga. Rarasati, rabinipun Sèh Amongraga, mangêrtos lan tansah ngulatakên. Sèh Amongraga lan Ni Selangbrangti rawuh kadhèrèkakên Ragarêsmi, ngimami salat, tumut narêbang lan paring piwulang sawatawis. Sèh Amongraga sapandhèrèk musna. Bakda Subuh rombongan nglajêngakên lampah. Sèh Malangkarsa kalayu badhe sowan Ki Bayi Panurta. ... kaca 1-24.

2. Lampahipun tumuju dhusun Gunungsari, dalêmipun Ki Cariksutra. Mêdal pasabinan, lajêng lumêbêt wana. Kèndêl namung nalika salat Luhur

--- 12 : viii ---

lan Asar sarta dhahar. Ki Cariksutra kalihan adhinipun Ki Carikmudha, dalah para èstrinipun nampi tamu sarta atur pasêgahan langkung manfaat. Dhahar kêmbul sinambi gêgujêngan bab Ni Wilapa, semahipun Ki Cariksutra ingkang drêmba. Jayèngraga nyuwun piwulang Ki Cariksutra bab basa lan sastra Jawi: Kawiswara, Keratabasa, Panitisastra, Carakabasa, Candrasangkala, Candragêni dumugi Dasanama, sakêlangkung damêl rênaning para ingkang mirêngakên. Ugi bab wataking tiyang ingkang namanipun kanthi awaling aksara Jawi: Ha dumugi Nga. Lajêng kasambêt têrbang langkung rame, kawiwitan kanthi suluk Bathik, pralambanging ngèlmi raos. Bakda Subuh sami bidhal, cucuking lampah Sêtradrêma lan Monthèl. Ki Cariksutra tumut rombongan sowan Ki Bayi Panurta. Ki Carikmudha kadhawuhan kantun anjagi ngibadahipun para santri. ... kaca 24-61.

3. Lajênging lampah tumuju dhusun Bustam, dalêmipun Ki Arsèngbudi, nglangkungi wana Jêmbul ingkang wingit, kathah godha rêncana, mila sadaya botên kenging salah damêl. Kapanggih dhêmit kadosdene panjak lan dhalang, wênêh kadi ronggèng kanthi sêsindhènan ririh. Dumadakan Ni Pêlangi katingal kagèt lajêng nubruk lan ngrangkul Jayèngraga wasana kasambêt, sêmaput, kaupakara para èstri. Sasampunipun èngêt, cariyosipun kadosdene badhe karudapêksa dening tiyang agêng-inggil. Dumugi ing dalêmipun Ki Arsèngbudi rombongan katampi kanthi kinurmatan pasugatan. Ki Cariksutra ngaturakên bilih ingkang sowan punika putranipun Ki Bayi Panurta, i.p. Jayèngrêsmi [Jayèng...]

--- 12 : ix ---

[...rêsmi] lan Jayèngraga ingkang mupit ing Wanataka, samangke badhe mantuk dhatêng Wanamarta. Ni Wiyadi, semahipun Ki Arsèngbudi sangêt karêrantan nyumêrêpi putra kakungipun Ki Bayi, karaos salêbêting manah dene botên kaparingan momongan. Sasampunipun kêmbul dhahar, Ki Arsèngbudi rêraosan ngèlmu raos kalihan Ki Cariksutra bab kanyataning Dat dumugi sajatinipun kawula Gusti. Rêmbagipun sangsaya gayêng sêsarêngan Sèh Malangkarsa lan Sèh Mangunarsa ingkang tuhu linangkung. Para tamu ngaso ing masjid, enjingipun sami bidhal nglajêngakên lampah. Ki Arsèngbudi tumut, badhe sowan Ki Bayi Panurta. ... kaca 61-89.

4. Rombongan sampun dados tiyang kalihdasa. Lampahipun nyabrang lèpèn Lumut, narajang pêdhut amun-amun. Samargi-margi sêsawangan langkung nêngsêmakên, kalêbêt tingkah-polahipun kewan-kewan ing wana. Lèrèn salat Luhur ing pinggiring bêlik, lajêng dhahar sêsarêngan. Saking katêbihan katingal dhusun Ardimuncar, lajêng sami kampir ing dalêmipun Sèh Adimuncar tuwin Arundarsa. Bakda Mahrib sami kasugata, kasambêt têrbangan, singiran kanthi Suluk Bathik Rara Sukci, parlambanging ngèlmi raos cundhukipun kalihan agami Islam. Enjingipun bakda Subuh sami bidhalan. Sèh Adimuncar tuwin Arundarsa sami tumut dhatêng Wanamarta. ... kaca 89-117.

5. Sadintên muput sami lumampah, namung kèndhêg salat Luhur tuwin Ngasar sarta dhahar. Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas ingkang kadi taman asri,

--- 12 : x ---

mila lajêng sami salat Mahrib sarta lêrêm ing ngriku. Dumadakan wontên tiyang kalihdasa sami dhatêng, nêmbung tumut sipêng ing ngriku, katulak mêksa botên purun, malah sami ngaturakên woh-wohan mawarni-warni. Dalunipun sami rêratiban, dhikir suhul ngantos sami dhawah kantaka botên kantênan alang ujuripun. Nalika Ki Monthèl nglilir, sumêrap ing kiwa-têngênipun sima tilêm sêsênggoran. Sima kagèt sami lumajar. Punika sima gadhungan kadadosanipun têtiyang ingkang sami nunut papan lan asung woh-wohan. Bakda Subuh rombongan mangkat malih, mêdal wana sacêlaking dhusun Kêplêng. Ing wanci lingsir surya ngancik têlênging Wanasaba, sami lèrèn salat Mahrib dumugi Ngisa. Gagat bangun mangkat malih ngancik laladan Wanamarta. Kapanggih Ki Nuripin ingkang panuju wontên ing têgalan. Ki Nuripin lumajar wêwartos dhatêng rabinipun, nanging bingung anggènipun badhe nyugata. Wêkasan kabiyantu dening tangga-têpalihipun. Sasampunipun salat lajêng kêmbul dhahar ing pandhapi. Bakda Subuh Ki Nuripin atur priksa dhatêng Wanamarta.

II. Ing krajan Wanamarta Ki Bayi Panurta gêrah dipun-tênggani Ni Malarsih, sampun katingal badhe waluya. Jayèngrêsmi, Jayèngraga dalah rombongan dhatêng adamêl rênaning panggalihipun Ki Bayi kakung putri dalah para kulawarga. Pasugatan andilir. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun para sadhèrèk, namung Sèh Mangunarsa kapapanakên ing tajug. Dalu kataman Kur'an. Enjing [En...]

--- 12 : xi ---

[...jing] jing bibar sarapan sami bawa-raos ngèlmi. Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên murid Ki Ragasmara, paring piwulang bab purnaning panêmbah lan sanès-sanèsipun. Wêkasan para tamu sami mantuk kanthi babêktan kathah.

Ki Bayi gêrah katêngga garwa lan para kadang-warga. Sampun katingal sakeca sasampunipun dhahar rujak. Dumadakan Ki Nuripin sowan ngirid para putra lan tamu, andadosakên rênaning panggalihipun Ki Bayi sakalihan. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun kadang-warga, namung Sèh Mangunarsa ingkang kapapanakên ing tajug. Pasugatan ambanyumili, lajêng kêndhuri. Sontên kêmpal ing pandhapi sami ngaos kasambêt kataman Kur'an, kalajêngakên bawaraos ngèlmi. Ki Bayi kapengin kapanggih Sèh Amongraga, makatên ugi sadaya para tamunipun. Sagêd kalêksanan, Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên Ragasmara, paring piwulang bab jatining gêsang, ananing Pangeran, dununging kawula Gusti, jatining sêmbah lan Sukma ingkang kathah pralambinipun. Gagat enjing sami salat Subuh. Sèh Amongraga sapandhèrèk wangsul dhatêng kaênêngan. Sasampunipun sarapan, para tamu pamit wangsul, kaparingan sangu babêktan kathah. ... kaca 147-255

III. Kacariyos lêlampahanipun Ki Jatiswara lêlana saking nagari Cêmpa ngajawi, pinanggih Sèh Amongraga sapandhèrèkipun. Jatiswara bantah kalihan Ni Selabrangti bab Islam lan kapir, sarta bab napi lan isbat. Gêntos Jatiswara lêlawanan kalihan Ragasmara,

--- 12 : xii ---

nakèkakên asal-usulipun Jatiswara, winangsulan anaking sagawon, Amongraga numpangi, anaking asu bêlang. Jatiswara lajêng mêsat sarta sumbar supados dipun-tututi, mila niyat nyobi kasêktènipun Sèh Amongraga, nanging tansah kawon, wêkasan oncat nglajêngakên anggènipun lêlana.

1. Ki Jatiswara ingkang brangti ing Hyang Widhi lêlana saking tanah Cêmpa ngajawi, angsal wangsit supados kapanggih Sèh Amongraga. Sagêd kapanggih, pitakèn bab ngèlmu, dipunladosi dening Ni Selabrangti, inggih punika bab Islam lan kapir, tuwin napi lan isbat. Gêntos Ki Ragasmara nakèkakên asal usulipun, Ki Jatiswara ngakên anaking sagawon, lajêng Sèh Amongraga numpangi, anaking asu bêlang. Ki Jatiswara lajêng mêsat kapurih nututi lampahipun. Niyatipun nyobi kasêktènipun Sèh Amongraga. Ki Jatiswara ngambah gêgana, Sèh Amongraga ngrumiyini wontên ing satêngahing mêndhung, Jatiswara dados samodra, Amongraga sampun numpak baita kalihan pandhèrèkipun. Samodra kadadosanipun Jatiswara kaingsêp dening latu ingkang mêdal saking angganipun Sèh Amongraga. Jatiswara dados barat, Amongraga pinanah supados tumuli ical, lan sanalika wontên rêdi ing ngarsanipun. Sèh Amongraga sapandhèrèkipun lajêng dumunung ing guwaning rêdi wau. Ki Jatiswara nyipta sawêr sakalangkung agêng, dipun-anciki Sèh Amongraga botên sagêd polah. Wêkasan Ki Jatiswara lajêng ngoncati, mêsat nglajêngakên anggènipun lêlana. ... 255-263

2. Ki Jatiswara dumugi ing dhusun Wanacandra

--- 12 : xiii ---

ing dalêmipun Ki Ragamana. Jatiswara nyuwun puruita, lajêng bantah bab ewuh-ayaning agêsang. Jatiswara kasugata sacêkapipun. Dalunipun dipun-prêpêki dening anakipun èstri Ki Ragamana wasta Ni Sakati, karon lulut. Enjingipun pamit nglajêngakên lampah, dipun gondhèli botên purun, lajênging lampahipun dumugi ing guwa partapanipun Sèh Baka. Nyuwun pitêdah, dipun-dhawuhi mêndhêt sêsotya ing guwa kanthi lawang tundha sanga, kalêksanan, lajêng nêrusakên lampah kapanggih adhinipun wasta Ki Sajati, inggih punika Ki Ragasmara ingkang suwita dhatêng Sèh Amongraga lan Ni Selabrangti. Kalihipun lajêng mantuk dhatêng Cêmpa, nundhung ratu Pratokal ingkang ing ngajêng ngrêbat kraton Cêmpa warisanipun Ki Jatiswara lan Ki Sajati, wasana lajêng sami jumênêng nata lan patih. ... kaca 263-273

IV. Ing Wanamarta, Ki Bayi Panurta gêrah mbadal saliring usada. Ing kaênêngan Sèh Amongraga rêraosan kalihan Ni Selabrangti bab gêrahipun Ki Bayi, sampun ndungkap dumugi janjinipun lan sakalangkung ngajêng-ajêng dhatêngipun Ni Selabrangti. Lajêng sami mahawan dhatêng Wanamarta, Sèh Amongraga nguntapakên sedanipun Ki Bayi Panurta, lajêng kasusul dening sedanipun Ni Malarsih. Gègèr têtangisan, layon kalih lajêng karukti sae lan kasarèkakên ing sawingkinging masjid. Jayèngrêsmi nggêntosi kalênggahanipun Ki Bayi Panurta, kabiyantu dening Jayèngraga ingkang nyêpêng paprentahan dhusun ing sadintên-dintênipun.

1. Sasampunipun para tamu sami wangsul, Ki Bayi

--- 12 : xiv ---

Panurta kambuh gêrahipun, mbadal sakathahing usada. Watawis sawulan sampun botên karsa dhahar. Bilih sare tansah gêmrêmêng botên cêtha kadosdene ngucapakên namaning putranipun Nikèn Tambangraras. Ing kaênêngan Sèh Amongraga sampun pirsa bilih Ki Bayi sampun ndungkap sedanipun lan tansah ngarsa-arsa putra putrinipun. Mila Sèh Amongraga lan Ni Selabrangti lajêng dhatêng ing Wanamarta. Sèh Amongraga nguntapakên sedanipun Ki Bayi Panurta. Sarêng Ni Malarsih mangêrtos kakungipun seda, sanalika lajêng kantaka dumugi ing sedanipun. Mila sampun ubaya bilih badhe sarêng ing sedanipun. Gègèr têtangisan, layon kalih sami karukti lan kasarèkakên ing sawingkinging masjid. ... kaca 273-287

2. Ingkang katilar, putra sêpuh Jayèngrêsmi nggêntosi kalênggahanipun Ki Bayi. Sasampunipun sèwu dintênipun sawêg purun pindhah dhatêng dalêmipun Ki Bayi Panurta. Pangrèhing santri botên beda kalihan swargi ramanipun, kanthi trêsna asih, mila dipun sujuti.suyuti. Paprentahan sadintên-dintênipun katindakakên dening Jayèngraga, tata titi têntrêm. ... kaca 287-292.

V. Sèh Amongraga kalihan garwa Ni Selangbrangti ingkang wontên ing alam asamun gadhah osik kapengin jumênêng ratu, lajêng mêsat sowan Sultan Agung ing Mataram ingkang anamur jumênêng pandhita ing rêdi Telamaya jêjuluk Panêmbahan Nyakrakusuma Sidawakya. Gêgayuhanipun Sèh Amongraga sakalihan sagêd kalêksanan. Lumantar sami dados gêndhon jalêr èstri kadhahar Sultan Agung lan Pangeran Pêkik, nurunakên Sultan

--- 12 : xv ---

Amangkurat. Têmbenipun kaamuk dening kraman Trunajaya, kaplajêng dhatêng Banyumas dumugi sedanipun, kasêbut Amangkurat Têgalarum.

1. Sèh Amongraga gadhah osik kapengin dados ratu, mila sakalihan lajêng sowan Pandhita ing rêdi Telamaya ingkang estunipun Kangjêng Sultan Agung anamur dados pandhita jêjuluk Panêmbahan Nyakrakusuma Sidawakya, suka pitulungan dhatêng para kawula alit dumugi para abdidalêm ingkang atekad wilujêng. Sadèrèngipun Amongraga ngaturakên tekading manah, sang Pandhita sampun mangêrtos lan kaanggêp têka nyalênèh anggènipun mèri dhatêng kanugrahaning asanès, lan punapa botên prayogi jumênêng pandhita? Sèh Amongraga mantêp dhatêng tekadipun, nadyan sakit dumugining pêjah. Mila sang pandhita namung mituruti lan asung margi. Sèh Amongraga sakalihan supados dados gêndhon jalêr èstri. Punika dados sarana anggènipun badhe manunggal darah kalihan Sultan Mataram. Sasampunipun dados gêndhon, lajêng kalêbêtakên ing bumbung lan kabêkta kundur. Dumugi ing kraton Sri Sultan Agung nimbali Pangeran Pêkik sakalihan garwa Ratu Pandhansari. Gêndhon kadhahar dening Kangjêng Sultan lan Pangeran Pêkik. Têmbènipun Kangjêng Pramèswari pêputra kakung lan Ratu Pandhansari pêputra putri, lajêng kajodhokakên, wêkasan putra dalêm jumênêng ratu nggêntosi ramanipun kanthi asma Sultan Amangkurat. Nalika jumênêng ratu sampun kagungan putra kakung ingkang lajêng kajumênêngakên Pangeran Adipati calon anggêntosi

--- 12 : xvi ---

ramanipun. Kaelokaning Pangeran, Sultan Amangkurat tumindak daksiya dhatêng para abdi lan kawula, midana lan midana pêjah. Mataram gègèr, saengga Pangeran Adipati damêl kraman ingkang dipun pandhegani Trunajaya. Mataram bêdhah, Sultan Amangkurat kaplajêng dhatêng Banyumas, kadhèrèkakên putra Pangeran Adipati lan rayinipun Pangeran Pugêr. Sang Pangeran Adipati botên purun ngrêbat Mataram, wasana Pangeran Pugêr ingkang tumandang lan sagêd mimpang yudanipun, wêkasan jumênêng ratu asma Sinuhun Pakubuwana. Sultan Amangkurat dumugi ing sedanipun kasarèkakên ing talatah Têgal, katêlah kasêbut Amangkurat Têgalarum. Titi tamat cariyosipun Sèh Amongraga ing dalêm Sêrat Cênthini. ... kaca 292-305.

--- 12 : 1 ---

SÊRAT CÊNTHINI XII

691. Asmaradana

1. Kae Sèh Malangkarsèki | mijil paregolanira | pangguh lan para tamune | gupuh dènnya uluk-salam | pan samya sinauran | ngalaèkumu salamu | laju ngancaran kewala ||

2. Sadaya samya umiring | kerit marang wismanira | ngaturan lunggyèng salune | atata dènnira lênggah | anèng paningratira | sira Sèh Malangkarsèku | gupuh dènnya jawat-tangan ||

3. Kae Sèh Mangunarsèki | gêpah rahab sasalaman | gantya-gantya sadayane | myang para rubiyahira | samya aturkên salam | kang kulawangsa tan kantun | samya ngabêkti tur salam ||

4. Binagya wau kang prapta | alon mangsuli wacana | raharjèng palakramane | Sèh Malangkarsa anabda | mring pawong èstrinira | sira timbalana gupuh | nyainira maring ngarsa ||

5. Kang liningan mentar nuli | tan adangu nulya prapta | Malangrêsmi ing ngarsane | ngling sira sasalamana | lan para arinira | iku kang asring sun-tutur | Sèh Mangunarsa Wanantaka ||Lebih satu suku kata: Sèh Mangnarsa Wanantaka.

6. Sèh Gungrimang kang taruni | kalawan rubiyahira | Jèngraga Jayèngrêsmine | kang kinèn anulya gêpah | dènnira sasalaman | sarya panêmbramanipun | pambagya mring tamunira ||

7. Agupuh tur salam sami | mangsuli kramaning sabda | katêmbyan rèh basukine | Nikèn Malangrêsmi mulat | marang para rubiyah | jinawab kumpula lungguh | waela tri rinakêtan ||

8. Langkung sih siniyanèki | Nikèn lan para waela | saking tyas samya katêmbèn | Malangrêsmi anambrama | yayi katêlu pisan | sami kantuna alungguh | sakêdhap ingong babêthak ||

9. Mariksani kang sasaji | waela tri tur sumangga | saryarsa nut mring pa-awon | samya datan sinung lunga | MalarêsmiMalangrêsmi. gya mentar | anjênêngi kang angukus | angrukti karya sugata ||

--- 12 : 2 ---

10. Sèh Malangkarsa ngling aris | yayi saking Wanantaka | wanci punapa angkate | punapi nananggêl lampah | tuwin maruput enjang | Sèh Mangunarsa nor wuwus | inggih awalipun enjang ||

11. Radi karêmbênên dening | rewang pidak lan rubiyah | ing lampah sapakantuke | jalwèstri samya sumêdya | panggya paduka kakang | ngiras nguntap lampahipun | Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

12. Kalihnya samya amulih | mring karajan Wanamarta | wus antara ing lamine | kapisah ing yayah-rena | dungkaping têkèng mangsa | saking têbih parêkipun | sangating nis panca warsa ||

13. Malangkarsa mèsêm angling | e yayi Alhamdulillah | andhatêngakên pamule | pamitra têkèng sudarma | yayi yèn makatêna | manira mèlu tumutur | singgih marang Wanamarta ||

14. Yun papanggya (n)Jêng Kiyai | guru Ke Bayi Panurta | wulangun manira rêke | sadaya suka nor-raga | myarsa ing wuwusira | Kae Sèh Malangkarsèku | tumutur inguntap lampah ||

15. Tan dangu wau kang prapti | para mitranira papat | Pariminta Mongsarine | Trêsnaraga lan Sèh Modang | tan srênti dènnya prapta | sarta mêngakakên pintu | sarêngan dènnya luk-salam ||

16. Gupuh kang sinungan angling | nauri panjawabira | samya angingsêr linggihe | anèng ing bale watangan | têgêse bale dawa | amèpèt dènnira lungguh | Sèh Malangkarsa ris nabda ||

17. Kang samya rahab tur taklim | ing tatamu jalma tama | kang sabên sun-pajarake | kang sinung ujar agêpah | dènnya anjawat-tangan | marang Sèh Mangunarsèku | miwah Ki Sèh Anggungrimang ||

18. Tuwin maring Jayèngrêsmi | kalawan Ki Jayèngraga | saha bagya wulangune | winangsulan karaharjan | wus tata lungguhira | myang para rubiyahipun | Sèh Pariminta Sèh Modang ||

19. Anunggil lênggah samyèstri | pan samya salam-salaman | kupu samya waelane | kalangkung rakêtanira | katêmbyan rèh papanggya | arahab rarasan ngèlmu | padha wadon liliriyan ||

20. Sèh Malangkarsa ngling aris | mring pangulu Basariman | priksanên [priksa...]

--- 12 : 3 ---

[...nên] nyaimu kae | yèn wus samya asasajwa | kon-naoskên ing ngarsa | kang liningan mentar gupuh | matur mring Malangrêsmi ka ||

21. Kinèn sasaji ing ngarsi | Ni Malangrêsmi agêpah | anuduh mring pawongane | Ulangan sigra angatak | mring rowang nampa dhulang | wus samya kerit mangayun | prapta rampadan tinata ||

22. Bucu mêgana kêbuli | pulên wuduk liwêt tambra | sêmoa lam-ulamane | opor bèbèk pindhang banyak | agya ti susujènan | yêm mênjangan lan bêtutu | bêlbêt surung basngèk ayam ||

23. Lombok kêncêng lawan pêtis | dhèndhèng nganjèn lan masrènan | myang palimpuk duduh koyor | abon êmpal kisi lidhah | rambak sayadan rêmpah | bon rêmus karupuk têrung | tim dara gêcok-gênêman ||

24. Gorèngan kathik gulathik | sangkêp saliring lawuhan | sambêl lan lalabane |Kurang satu suku kata: sambêl lawan lalabane. wusnya dènnira atata | Kae Sèh Malangkarsa | aris pangancaranipun | wawi samya wawantingan ||

25. Sumapala cadhang bukti | karana Allah kewala | ing sawontênipun rêke | agêpah ingkang liningan | angrabbi ing pasojar | sadaya sarêng tuturuh | (n)dan lêkas samya anadhah ||

26. Akêmbul jalu lan èstri | kapang nèng salu paningrat | sami ambêng dhewe-dhewe | miwah lêlawuhanira | pan rinampad priyangga | pra waela sadayèku | pikantuk dènnira nadhah ||

27. Pra priya samya tan pati | ngathahakên ing anadhah | wus lantèh pariyalate | mangkana dènnira nadhah | antara dangunira | luwaran samya tuturuh | ambêng nuli cinarikan ||

28. Ulangan lawan Cênthini | anglorodakên rampadan | sinungkên kulawangsane | samya tinadhah akapang | warata pawongira | jalu èstri samya nutuk§ Prayoginipun / nutug /. | tuwuk tan ana kang kurang ||

29. Sèh Malangkarsa ngling aris | nyarakkên dhaharanira | sumangga [sumang...]

--- 12 : 4 ---

[...ga] sami ginape | pangusaping amisan |Kurang satu suku kata: pangusapaning amisan. punapa kang kinarsan | gêpah ingkang sinung wuwus | angalap sasênêngira ||

30. Nyamikan kang manis-manis | pamangsêg sasênêngira | pra waela suka tyase | rahab dènnya rarakêtan | apan tawa-tinawa | samya gantya asung sinung | rubiyahira Sèh Modang ||

31. Kang nom sira (m)bok Pêlangi | sadangunira lungguhan | paliringira pan wèngwèng | mung mêndir mring Jayèngraga | iriban lan kang lanang | liringe tan pati pagut | Pêlangi ciptaning driya ||

32. Dingarènne wong asigid | tan ngugêr pancêring tingal | êman bae wong abancèr | angowahi paliringan | anyuda prayèng naya | smakèyan kang wuwuh bagus | awiwing kaya arjuna ||

33. Cahyane ambusanani | liringe gawe wigêna | paran baya darunane | nora kaya biyèn ika | akarya lara branta | sasolahe awèh wuyung | kae bagus Jayèngraga ||

34. Mêngko iki angoncati | asangkrib pangèksinira | tan karsa ningali mring ngong | ya ta lah nora kaya-a | baguse Jayèngraga | cinadhang lèlèjêmipun | tan pisan anglawanana ||

35. Solahe nimbok Pêlangi | dènnya anênancang tingal | mring Jayèngraga ulate | lêlewane kawistara | angambil nyanyamikan | kumlawe mlaku kadulu | marang Kae Jayèngraga ||

36. Sing anyamikan dèn-ambil | pan ginigit uga ora | mung pijêr amandêng bae | Jayèngraga ciptèng driya | dene nora kaya-a | iku setan (ng)ggawa(ng)gawa. dhadungdhadhung. | ngudha-udha dhêdhèwèkan ||

37. Mêncêngis bêlis maringis | anggonjak bèdruning driya | iku wong tan na sêbute | Rarasati wruhing cipta | kalamun ingkang raka | kinandhang dening pandulu | sasmita asêmu prana ||

38. Mring Turida dènnya angling | netra kang datan kumêdhap | botên walang-walang bae | sanadyan êpring lan ula | tuwin ulam êlohan | nadyan jalma kadhangipun | wontên tan bisa kumêdhap ||

39. Mlolo kewala mucicil | Turida nauri sabda | ngêndi ana wong tan kêdhèp | Rarasati mèsêm mojar | ririh anjawil pada | puniku tiyang andulu | mring arinta Jayèngraga ||

--- 12 : 5 ---

40. Turida mulat ngrêngoni | supaya aywa kadawa | Pêlangi sumêdhot tyase | kawangun liringira |Kurang satu suku kata: kawanguna liringanira. apucêt netyanira | ketang wirang jroning kalbu | mring waela Rarasatya ||

41. Susumèh aminta kapti | rumakêt anor wicara | amanohara wuwuse | wus kasaman rahabira | tan mantra ing sanitya | kapundhuhan rakêtipun | tan dangu rênguning driya ||

42. Sèh Malangkarsa ngling aris | jêbèng Kae Mangunarsa | mênggah ing rarasan rêke | kang lapal kulu sae-an | aliunna wajitah | kadipunêndi puniku | mahadabipun kang purna ||

43. (n)Dungkapipun ing kajatin | yayi yogya madhangêna | rungsiting ngèlmu ijmahe§ Prayoginipun / ijmake /. | kiniyas lawan ngain-nya | kususing kanyata-an | Sèh Mangunarsa nor wuwus | singgih kakang Malangkarsa ||

44. Kang lapal kulusae-in | aliun wahjatah punika |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / nika /. kang ingucap sawijine | samadaya kengang rusak | makluk sagala donya | sejirim mungkin mabau | wus pinasthi gantung rusak ||

45. Dening Hyang Kang Maha Sukci | amung sawijining kila§ Prayoginipun / kita /. | kawulaning Hyang Kang Mansoh | suhul anèng pangayunan | ngupamakkên punika | mukanipun Hyang Maha Gung | saèstu tan kenging rusak ||

46. Sujalma kang wus sinung sih | marang ing sira Pangeran | dinoh saking pasiksane | bab ingkang puniku kakang | tan kenging ginagampang | kang sinung upami wau | minangka mukaning Sukma ||

47. Punika jatining jalmi | wus man ing dalêm ngagêsang | kang sampun sagêd anungge | subranta maring Pangeran | tan ana lyan kaèksan | kalawan pribadinipun | sumangga (n)dungkaping cipta ||

48. Sadaya mèsêm miyarsi | rèh sampun sami kaduga | tan ana

--- 12 : 6 ---

waon-winaon | rèh sampun atunggal tingal | tan pae pangartinya | kasaman kupu ing kalbu | angranggoni lèjêmira ||

49. Sèh Malangkarsa ngling aris | yayi puputing rarasan | pênêde sunat sêsambèn | wawi sami tarêbangan | salawat pujining Hyang | yayi ing riki wus têmtu | adate ing Ngardipala ||

50. Kang dados pangatêr dikir | ing ngriki mung kakêntrungan | lawêding ngèlmu-rasane | alambar suluk Panamar | sêmuning rasa jatya | bungkaking kanênganipun | pangojratira Hyang Sukma ||

51. Sèh Mangunarsa ngling aris | inggih utawi kinarsan | jalar palaling Hyang rêke | mèsêm Ki Sèh Malangkarsa | angling marang Sèh Modang | lah konên ngambil kêntrungku | Bin-uwah kalawan têrbang ||

52. Wasisan tarêbang mami | Basariman dèn a-enggal | yèn ana tarêbang manèh | têka ro êngkas kewala | agupuh ingkang liningan |Lebih satu suku kata: agupuh kang liningan. angambil tarêbangipun | tan dangu prapta ing ngarsa ||

53. Katur ing Malangkarsèki | tinampan nulya sinêntak | Sèh Modang nêntak têrbange | si Sontri sampun ginêmbrang | Mongsari kêntrungira | Tisnaraga nêrbang wau | miwah Ki Sèh Pariminta ||

54. Kae Sèh Malangkarsèki | tarêbange si Kumandhang | wong lima mangku têrbange | Sèh Malangkarsa ris mojar | lah payo pra wadonan | myang yayi sadayanipun | prayogi sunat salawat ||

55. Sumangga turira sami | Sèh Modang lan Pariminta | katêlu Amongsarine | kang abawa singirira | (n)dan lêkas asalawat | la ilaha ilolahu | Mukamadun Rasullolah ||

56. Gya sadaya naurani | èstri priya barung swara | arampak arum swarane | kalangkung asri kapyarsa | agobyog panêrbangnya | abêbanggèn pong-trung-pong-trung | thung-plêg thung-plêg dhêng thung-thung brang ||

57. Kathah lêlambanirèki | ukur bêbanggèn kewala | narêbang bêsus-bêsuse |

--- 12 : 7 ---

tutuk§ Prayoginipun / tutug /. sèlèhing sauran | tinampan singirira | anglik singir tan kantu |Kurang satu suku kata: angêlik singir tan kantu. swara têtêlon araras ||

58. Sajak saukêle sami | cengkoke nora sulaya | apan wus kakancuhane | sèlèh singir sinauran | jalu èstri araras | ramya sru swara karungu | tangga parêpating desa ||

59. Gumriwis akèh kang prapti | dhasar têrang padhang bulan | tuwa anom lanang wadon | samya marang Ngardipala | suka nonton tarêbang | saking lor kidul adulur | sami prapta ing pandhapa ||

60. Kang uwus duwe pangarti | Ke Malangkarsa tamuwan | wong bagus ro biyèn kae | Jayèngrêsmi Jayèngraga | ing mêngko malih prapta | ngong-tutukne§ Prayoginipun / ngong-tutugne /. wor pandulu | bêngi yèn branta maring wang ||

61. Samya mangkana ciptèki | rara randha nom walanjar | angayu-ayu abraèn | sabisane wong adesa | rêrêsik matut sandhang | amamangi nginang arum | myang sêkar gajah-olingan ||

62. Mangkana dènnira singir | dènnya talu sarambahan | suwuk maca salawate | Ke Malangkarsa ris mojar | mring kaum Basariman | lan Ulangan pawongipun | kinèn nyaoskên sugata ||

63. Kang liningan sandika glis | Ni Ulangan Basariman | anuduh pawong mitrane | yata wau ingkang prapta | Sèh Adi Amongraga | lagya nèng palataripun | santri Monthèl tinimbalan ||

64. Praptèng ngayun angabêkti | nulya kinèn sung uninga | tur sandika santri Monthèl | matur mring Sèh Malangkarsa | lamun Sèh Amongraga | nèng palatar têmbe rawuh | agupuh sadayanira ||

65. Ngudhuni kang wau prapti | sigra Ki Sèh Malangkarsa | tur salam atur sêmbahe | miwah pra ari mitranya | tur bêkti samadaya | nulya ingaturan laju | anèng sajroning kang wisma ||

66. Anging Mongraga tan apti | akarsa anèng pandhapa | gya tinata gêlarane | nulya samya parêng lênggah | lan garwane keringira |Lebih satu suku kata: lan garwa keringira. Cênthini marêk ing pungkur | lan Monthèl tan kêna têbah ||

--- 12 : 8 ---

67. Sadaya ingkang ningali | mring Sèh Adi Amongraga | langkung sumunu cahyane | kabèh tan kawawa mulat | sanginggil patênggêkan | samya amêpês tumungkul | langkung jrih pagutan netra ||

68. Sèh Malangkarsa ngling aris | maring ing rubiyahira | sira babêktiya§ Prayoginipun / ngabêktiya /. age | marang sang Sèh Adimulya | tuwin marang sang Waela |Lebih satu suku kata: tuwin mring sang Waela. ingkang tinuduh ing kakung | Malangrêsmi gya mangarsa ||

69. Tur bêkti marang sang yogi | sumêmbah angaras pada | nulya ngabêkti mring Nikèn | saha panêmbramanira | pambagya karaharjan | winangsulan sabda ayu | gantya pra ari rubiyah ||

70. Sira Nikèn Rancangkapti | Turida lan Rarasatya | miwah pra rubiyah kabèh | kumarubut tur pranata | warata sadayanya | lungguh pra èstri akumpul | tata dènnya lulungguhan ||

71. Sèh Mongraga ngandika ris | yayi Kae Malangkarsa | lagya punapi kayune§ Prayoginipun / karyane /. | tingale asusunatan | matur Sèh Malangkarsa | singgih mawi awon nganggur | samya sunat kêkêntrungan ||

72. Sèh Amongraga nauri | lah yayi mara tutugna | sunat dadi pamujine | samya kakêntrungan ojrat | utama dhinulêngan | anjujunun ing Hyang Agung | apupuji linagonan ||

73. Kae Sèh Malangkarsèki | mèsêm dènnira wacana | yayi Sèh Modang ing kono | kinarsan kinèn angojrat | sapa kang andhulênga | Sèh Modang mèsêm umatur | anjawi rayi paduka ||

74. Apan inggih pun Pêlangi | kang dhulêng singir aojrat | tan wontên liyane manèh | kang sagêd andhulêng ojrat | swaranipun prayoga | pawèstri sawawratipun | sarwa pikantuk kewala ||

75. Swara sulukipun wasis | pandhulênge awiraga | Malangkarsa mèsêm linge | lah ya ta mara Bismillah | prandene wus kalilan | nulya Sèh Modang anuduh | marang ing rubiyahira ||

76. Anulya Nimbok Pêlangi | sumandhing ing priyanira | nulya alêkas bawane | lagon Sêkar Gadhung mêmbat | la ilah haillah |Kurang satu suku kata: la ilah hailallah. Mukamadun

--- 12 : 9 ---

kabibbuhu | padakammad salalaha ||

77. Tinampan kèh naurani | swara jalwèstri araras | arêmpêg tan na sarêntèn | kêntrung tarêbang barungan | gumêr ramya kapyarsa | pong-brung pong-pêg pong-brung |Kurang dua suku kata: pong-brung pong-pêg pong-brung pong-brung. thung-plêg thung-plêg dhung pungpung brang ||

78. Sang Kae Sèh Amongraga | amundhut kêntrung tinabah | animbangi tanduk rêke | sajake akêtipungan | lêlamban lêliriyan | dadya sadaya asêngkut | dèna abarung silawat ||

79. Sèlèhing sauranèki | Ni Pêlangi (n)dan amênyat | andhulêngi mong kêmbêne | sarwi nglik swara lantas |Kurang satu suku kata: sarwi ngêlik swara lantas. amêrit wuluh irat | gêtas rênyah manis arum | sêmbada parikanira ||

80. Wontên wanita sinung-sih | ing priya pandhitotama | purwa duksina dêlinge | wadon wajib (ng)guguruwa | mring priya kang utama | lah takokna dèn-aparlu | masalah wolung prakarsa ||prakara.

81. Ingkang dhingin bab maskawin | Allah kalawan Mukamad | ping ro Ngaras lan Kursine | kaping tri maskawinnira | dalu kalawan siyang | ping pat lintang lawan ngèlmu | ping lima èstri lan priya ||

82. Ping nêm surya lawan sasi | miwah bantala akasa | swarga nraka maskawine | aywa katungkul nèng donya | sayogya gurokêna | ywa pijêr ulah cacênthung | ujare kang asung cipta ||

83. Maskawin kawula Gusti | pan patêmoning nurrollah | kalawan uripe rêke | maskawin Ngaras Kursinya | sapatêmoning rasa | lan wahya kajatènipun | maskawin èstri lan priya ||

84. Têmuning roh lan jasmani | maskawin ngèlmu lan lintang | aib mustahar têgêse | têmuning atingal cipta | sanyata osikira | anèng jinêming jajantung | maskawin kasa bantala ||

85. Têmuning murah lan asih | nyatèng utêk lan sirrolah | maskawin siyang ratrine | têmuning arip lan netra | rasaning kanugrahan | tan ana karasèng kalbu | turu dununging supêna ||

86. Wêkasane kang maskawin | kang swarga lawan naraka | patêmoning nêpsu rêke | singgih lawan budinira | panunggaling dhirinya | nyatèng ala bêcikipun | kang wruh pisah kumpulira ||

--- 12 : 10 ---

87. Puniku dipun kaèksi | sakèh maujud sadaya | [...] |Kurang satu baris: 8e. ingkang bangsa ati puat | mungguh sira Pangeran | nyata tinggal jiwa wujud | maujuding dhawakira ||

88. Samya karênan kang mèksi | mring kang andhulêng aojrat | yèn wus têkèng sèlèhane | tinampan bawa sauran | ngalêtêr akalangan | abêsus saengga gambyung | sisirig munyêt tingtingan ||

89. Kadya tinutus kang liring | kapara pat-mara lima | dununge branta wirage | dhat marang Sèh Amongraga | liringe tan-tumama | [...] |Kurang satu baris (8u): katambêt ing ati wuyung. mring Jèngraga tan kapadhan ||

90. Mring Gungrimang nabêt liring | liringe kadhang linawan | myang mring Piturun kasamèn | Gungrimang mèsêm ing nala | ya ta lah tan kaya-a | yèn ta kadiya rumuhun | lir tan kongsi sapênginang ||

91. Miwah maratani liring | mring wong lanang kang nêningal | hoyêg samya mèsêm bae | sêmune kèh kang kedanan | nging wêdi mring kang lanang | ana kang cipta marucul | katungkula bae kêna ||

92. Ni Pêlangi lamun wêngi | bedhang-bedhangane gampang | kêtara ing polatane | ulate ulat gêlêman | sakèhing pra lanangan | samya ngincim-incim wuyung | yang-uyung winèyan ulat ||

93. Wong wadon kang aningali | uyêg ngangsêg rêbut ngarsa | mrih parêk Jayèngragane | samya ngugêr-ugêr tingal | mring Kae Jayèngraga | samya mrih-amrih kadulu | lêlewa suprih katara ||

94. Yèn nuju kacèkoh wuri | wong kang ngadhang-adhang tingal | pating kalêsêt polahe | ambênakkên kêmbênira | ngatokkên kêmbang kinang | kang kirab ngewahi gêlung | mêmasang paguting tingal ||

95. Jèngraga micarèng ati | dubilah dene anjirab | para ulat ting dêlèrèng | thèthèkan setan bênthètan | amanjêr cadhang tingal | nora kêna wong aidu | dèn-dalih andhêmênana ||

96. Dèn-kongsi pècèpece. mucicil | angênthêr kêri maring wang | biyèn-biyèn [biyèn-...]

--- 12 : 11 ---

[...biyèn] mêngko-mêngko | Jayèngraga ajatmika | ing solah tan amunya | yata ingkang dhulêng kêntrung | anampani singirira ||

97. Anglêg bêning kumalinthing | suluk adat kang kinarya | lir pendah suling sasêlèn | amlas-asih piniyarsa | cêtha kalimahira | mangkana parikanipun | adate wong doyan nendra ||

98. Sungkanan tur tan saririhsasirih. | sarta doh daulatira | adate wong mumah-mumoh | doyan mangan tan watara | tan duwe pangupaya | ing têlung prakara têmtu | yèn uwong doyan amangan ||

99. Linyok kêbluking akardi | angêsèt nora andêlan | anggadêbus dhêmên goroh | juwèh ngrècèh angrurucah | marang padhaning janma | doh budine kang rahayu | saujare ngayawara ||

100. Ginawe ngidung rêrêpi | wong doyan turu lan mangan | kêthul tyas lalèn lan wangkot | tan kaya janma kang karsa | ngurangi nadhah nendra | tan pati nendra yèn dalu | tan pati nadhah yèn siyang ||

101. Adate wong kurang guling | wong angungurangi mangan | sinung padhang jroning tyase | abêning panyiptanira | gampang sakèhing sêdya | sinung akal kang rahayu | dening Hyang Kang Maha Mulya ||

102. Kabuka paningal sidik | winêngan aibing ilham | pan wus jangjining Hyang Manon | sing sapa acêgah mangan | lan sarta cêgah nendra | sinung kamulyaning kalbu | gampang kang sinêdya prapta ||

103. Sarta amanggih kamuktin | sinung warêg tanpa mangan | winèh bungah tan manganggo | sayêkti Kang Maha Mulya | marêkakên walêsan | yèn wong suka manggih bêndu | yèn wong duka manggih suka ||

104. Saking adiling Hyang Widdhi | siji winalês sadasa | sadina ing rialate | winalês sadasa dina | sing sapa prihatinan | winalês suka rahayu | angêt-angêting agêsang ||

105. Duk cilik tumêkèng kaki | tan ana prihatinira | dadya malarat sajêge | datan sinung pangawikan | tan kadya wong nastapa | trus

--- 12 : 12 ---

tingal sidiking wuwus | sabab kirang turu mangan ||

106. Anrawang kalbunirèki | waspada ing kira-kira | lambar saking nêstapane | angungun sakèh kang myarsa | kajaiting wardaya | sasurasanirèng suluk | mituhyèng tyas anastapa ||

107. Antara dangunirèki | Ni Palangi dènnya ojrat | wus têkèng sauranane | anêsêg trêbang barungan | ngandhêlong sinalahan | amaca salawat suwuk | bêng bêng bêng bêng sèlèh trêbang ||

108. Samya ngaso ngaring-aring | gya kaum Ki Basariman | naoskên pasugatane | pêpanganan wedang kinang | sangkêp awarna-warna | pan pininta sadaya wus | Cênthini lawan Ulangan ||

109. Anglaladèni ing ngarsi | mring sang Sèh Adi Mongraga | miwah mring para arine | myang marang para waela | wus samya sinakmêtan§ Prayoginipun / sinamêktan /. | Sèh Mongraga ngandika rum | wus payo akêndhurènan ||

110. AgumuhAgupuh. ingkang sinung ngling | (n)dan samya ngalap nyamikan | sasênêngira anggape | wusira aso dhadharan | Kae Sèh Amongraga | ngandika mring arinipun | miwah marang siswanira ||

111. Yayi Kae Jayèngrêsmi | kalawan Ki Jayèngraga | Gungrimang Ragasmarane | lan Piturun wong lilima | padha sira nrêbanga | abarung sasingiripun | Mangunarsa angrawiya ||

112. Nulya Ki Mangunarsèki | ambukak nuskah Ruwiya | anggalêndêm suwarane | ulêm tan pati rêkasa | apelag sajak Arab | swara ngalêp manis arum | wus tamat pamacanira ||

113. Salawat barung kaping tri | Jayèngraga (n)dan abawa | sajak Arab lêlagone | angêlik kang swara raras | laila lailalah | Mukamad Rasulullolahu |Lebih satu suku kata: Mukamad Rasulallahu. Mukamadun kabibolah ||

114. Tinampèn Sèh sauraning | sarta tarêbang gênturan | samya bêsus panrêbange | [...] |Kurang satu baris: 8a. pong-pyêg pong-têg tung pung brang | pêg-pêg bah-bah-bah bur-bah-bur | tong-ting-tong brung plak-blang

--- 12 : 13 ---

plak-blang ||

115. Gumuruh swaranira tri | jalwèstri angantêp swara | miwah kang para santri kèh | tan etang èrak gondhangnya | sru saking rahapira | sèlèhing sauranipun | kang singir ngêlik barungan ||

116. Ragasmara Jayèngragi | atarung loro kewala | lir pathêt nyamlêng ênême | swaranya santak tan sumbang | êmbat ukêle padha | tan salaya wilêtipun | akancuh ilon-ilonnya ||

117. Anyamlêng kênyaming singir | tan na kal tubias sêla | bi arbabe saodate | kadasamsu pil ibira | jihatat tanakala | sarya panrêbange bêsus | ngapipir kêpyuh ngapinjal ||

118. Bêbanggèn imbal nyêlani | amagak gêdhug bêm sêbah | kokosèkan rara-ciblon | bisa mèt swaraning trêbang | dhasar trêbang si Sontrang | arum lir gêndhing pinalu | kêntrunge akêtipungan ||

119. Sèlèhe saurannèki | gantya ingkang singir bawa | Kae Sèh Anggungrimange | Ki Piturun kalihira | dhasar kancuhe lama | duk misih jajakanipun | mêlantrang ambarang trêbang ||

120. Dadya pilalan ing nguni | duk misih ran Mas Cêbolang | Piturun ran Nurwitrine | andhulêng gambyong ronggèngan | komuk talèdhèk lanang | tau-tate tate-tau | dadya gêndhot kalihira ||

121. Tau kinedanan èstri | tate kinedanan priya | kalangkung dening pêpayon | mangkana wau dènnira | Gungrimang singir bawa | abarung lawan Piturun | swara manis arum raras ||

122. Mêrit mêthit muluh rujit | kadya rêbab sinulingan | mèt paran pêcalang ngêse | apèrang têmu irama | tan siliring kang swara | apupunton têpung arum | lês wilêt ukêle padha ||

123. Gêtêr krêkêle tan srênti | mêmbat nganyut-anyut driya | dhasar sêmada digawe | anolih Ki Jayèngraga | mèsêm mong liringira | dhat krasa maksiyatipun | èngêt duk masih bêgeran ||

124. Pan wus kakarêmannèki | Jayèngraga siyèn mila | karêm rarasing agêndhèng | kathah kaèngêtanira | langêne duk waunya | ronggèng lanang Surat Sênu | èsême Ki Jayèngraga ||

--- 12 : 14 ---

125. Tyas sêmada sênak-sênik | mulat marang Anggungrimang | yèn mungguh maksiya anom | jajakan bocahanira | bisa olah gêndhèngan | kaya tan wurung kinrêmus | wungkuk-sangkuk ginendhongan ||

126. Nulya gantya kang asingir | sira Kae Jayèngraga | ngapti dènnya singir dhewe | angantêp bêsusing swara | mèt sêdhêng sru ririhnya | anglik ngalêp ngêntul-êntul | kadya ngalapêna jiwa ||

127. Akarya sêkaring ati | prèstri samya kedanan |Kurang satu suku kata: parèstri samya kedanan. sanadyan sami priyane | kanyut maring Jayèngraga | saking rum-ruming swara | pra wadon mêjên angrungu | kumênyut samya kasmaran ||

128. Anggungrimang ciptèng ati | myang Piturun rasèng driya | kadya wong wadon angênne | myarsa ngês wilêting swara | kadi ngènèl-ngènèla | myang pra èstri kang kayungyun | samya mês nyunyunganira ||

129. Yang-uyangan dènnya linggih | ngungal-ungal mrih katingal | agorèh linggih ngalih (ng)gon | sami cacadhangan cipta | liringe Jayèngraga | wênèh ana ririh wuwus | baguse ingkang narêbang ||

130. Suwe ora awèh liring | mring wong lêgana ing manah | nolèha sadhela bae | yèn ta malèmbaring (n)jaba | tak-gèndènge mring wisma | nora sun-wènèhi mêtu | ngong kungkung kon-dadah-dadah ||

131. Rowange ananauri | e lah ta ora-ora-a | ambêdhog têtanggonning wong | dhèwèkan sun mau mula | dèn-têmu pèk dadalan | têka ora ana wong buncur |Lebih satu suku kata: têka ora na wong buncur. anjêngèk kang sinauran ||

132. Awawan winawan angling | gumrêjêg têmah atukar | gègèr pinisah wong akèh | para sêmbèr antuk dalan | mundhak olèh (ng)gon ngarsa | anjêngglèng samya dol ayu | tan ngromèsi kang tukaran ||

133. Nutug kang salawat singir | Jayèngraga lan Gungrimang | dangune dènnya gagêntèn | sinalahan mèt irama | suwuk sèlèh tarêbang | Sèh Mongraga ngandika rum | yayi Kae Malangkarsa ||

--- 12 : 15 ---

134. Mungguh ngagêsang puniki | palal wus binagyèng Suksma | ing takdir lan pribadine | taksirtakdir. panduming ganjaran | lawan sarwi kamulyan | kang sinung mulya ing kalbu | kang sinung mulya ing donya ||

135. Miwah mulyaning rupèki | kalawan mulyaning asta | lan mulyaning swara rêke | liripun ingkang kamulyan | wondene yayi ingkang | mulyaning kalbu puniku | kang bisa ahli ing sastra ||

136. Akèh ngèlmuning kang aji | musakab saliring kitab | tan kalêmpit surasane | mulyaning asta kang sarwa | bisa agêgaweyan | mulyaning donya kang cukup | sandhang kalawaning pangan ||

137. Mulyaning rupa yèn rêsmi | rêspati suwarnanira | mulyaning swara bêcike | alêp rum awèh wigêna | karya rarasing driya | lir swaranya rinta iku | Jayèngraga Anggungrimang ||

138. Piturun Ragasmarèki | swara wus samya kawilang | akarya lamlaming akèh | sakèh kang ngucap mulya |Kurang satu suku kata: sakèh kang angucap mulya. suwarna kalbu asta | dunya swara kang puniku | nunungkuli kajateyan ||

139. Tan suhul maring Hyang Widdhi | katungkul karêm kamulyan | têkabur (ng)gunggung dhirine | pambukaking lawang suka | suka bungah sumêngah | malah mrih pêkah kêpatuh | tan na yan tarekahira ||

140. Kalulun mring kang dèn-sêmmi | singa kang dadi karêmnya | mring papa ngaling-alingaGuru lagu seharusnya: 8e, mring papa ngaling-alinge. | apan ênggonning pratandha | mukmin ngam lan kas ika | lamun bisa tunggal wuyung | mulyaning kang kinarêman ||

141. Anyapih pasiyanèki | kang nirikakên mrih wingwal | amuhung maring Hyang Manon | yèku ingkang olèh tandha | kang wus man ing Pangeran | linuwihkên ing Hyang Agung | mukmin kas bangsa nujêmba ||

142. Dene mukmining kas nênggih | jalma kang tan nêdya singsal | saking pangamêng-amêngaGuru lagu seharusnya: 8e; saking pangamêng-amênge. | mulyaning kang pinangeran | abidêngah ing donya | sadaya kang myarsa wuwus | tumungkul anganor jiwa ||

--- 12 : 16 ---

143. Sinambi ngalap nyênyamik | wus aso satoranira | kang samya karênan tyase | tanggaping graita pasang | linèjêming sasmita | lêjar wus tan sêlan surup | sasare wus kinawruhan ||

144. Sèh Mongraga ngandika ris | yayi Kae Malangkarsa | prayogi tinutugake | dènnyarsa sami singiran | kewala sajak Jawa | Ke Malangkarsa agupuh | angling marang Jayèngraga ||

145. Suwawi ing ngriku yayi | ing mangkya lagya kinarsan | sajak cara Jawa rêke | punapi lagon sumangga | pênêde dhinulêngan | sintên ingkang ngamprak§ Prayoginipun / ngèmprak /. sumbu | Sèh Mongraga ris ngandika ||

146. Bêcike ingkang ngèmpraki | si Monthèl lan Ragasmara | Ki Jayèngraga agupoh | mèsêm sarya nyandhak têrbang | pinangka ginalewang | anglik lagu Sêkar Gadhung | ya lailaha haillalah ||Lebih satu suku kata: ya la ilah haillalah.

147. Mukamad Rasullohi |Kurang satu suku kata: Mukamad Rasulollahi. tinampèn kèhning barungan | jalwèstri tan na sarêntèn | lir pendah sundari sasra | sru asri kapawanan | trêbange ramya tinabuh | agagênturan brang-brungan ||

148. Pong-prung pong-pêg tong-ting tong-gring | tung-plêg tung-plêk bêm-pyung-pyung brang | tarêbang barung kêntrunge | Ki Monthèl èmprak gêntènan | kalawan Basariman | èmprake ajumbul-jumbul | ngêmut sumbu bêbrongotan ||

149. Têlèrongan pasêr gêni | abêbakaran priyangga | tênggok cêcongklakan cingklok | langkung suka kang tumingal | èmprake Monthèl Basar | gagêntyan kang (n)dhulêng wau | Piturun lan Ragasmara ||

150. Rowang imbal samya singir | Jayèngraga Anggungrimang | kancuwanira gagêntèn | Piturun lan Ragasmara | timbange gagêntènan | lan Jèngraga kaitipun | lan Gungrimang tan na èmprak ||

151. Singirira Jayèngragi | kang suluk Koja-kasiyan | mêmêsu raga abênne | dèn papati dhirinira | dahat dènnya nanêrang | tansah

--- 12 : 17 ---

sarira marlêsu | ngênirkên kang pancadriya ||

152. Yèn tan wruh titining urip | kalawan paranning branta | tan uwis dèn-uwusake | wawasi kalawan ajar | brahmana myang pandhita | pujangga ngulama nêngguh | sami arêbat kasidan ||

153. Ajar atotor ing wukir | angurangi turu pangan | toya pinangeran mangkaGuru lagu seharusnya: 8e, toya pinangeran mangke. | wawasi sutapanira | midêring kasamunan | paksan norraga ginunggung | pujangga aulah sastra ||

154. Cipta kawi karya gupit | dadi anêmbah ing nyana | ngulama amardi raos | mangeran ing basa swara | brêmana manoara | ukara kang pinujèku | rat mêtu cênung dèn-ambah ||

155. Eling-eling dèn a-eling | rungsiting Hyang Maha Mulya | tan anèng kana myang kene | ênggonne tanpa tutuhan | tan kajro tan kajaba | adoh tanpa wangênipun | aparêk tanpa gêpokan ||

156. Kang myarsakkên ingkang singir | kang dungkap graitanira | tan sêlan salah surupe | kadya wos ginalêpungan | anglêmbut ciptaning tyas | kang tan wruh surasèng suluk | kènyut myarsa swaranira ||

157. Miwah kang para pawèstri | cipta tan kuwawa-a |Kurang satu suku kata: cipta datan kuwawa-a. amyarsakkên ing swaranyaGuru lagu seharusnya: 8e, amyarsakkên ing swarane. | ngungun tyasira lir gigal | balêdhug angluh nala | nalikanira ing ngriku | tan cipta lyan Jayèngraga ||

158. Tan mikir êmèling singir | kasongar dening suwara | nora mikir kalimahe | mung ngês wilêting kang swara | tumanêm anèng karna | gantya-gantya singir wau | Anggungrimang kang abawa ||

159. Anglik mêrit muluh rujit | samyantap-untapan swara | Malangsumirang suluke | amurangniti nrangbaya | dènnira among gita | raryanom tan wruh ing dudu | angêlar ujar kang sasar ||

160. Nrangbaya tan wrin ing wèsthi | angucap tan wruh ing tatrap | lala-luya pangucape | datan kêna winikalpa | citho tan wruh ing sastra | amulang dalan kalurung | ambawur tutur angawar ||

161. Pan angucap tanpa kering | tan na bayane wong wikan | ing kajatène awake | kang sinimpên kinêkêran | sajatining sarira |

--- 12 : 18 ---

apan ta roro katêlu | kadyangganing riringgitan ||

162. Duk lungane sang Apanji | ngumbara maring nagara | nèng Gêlang lampah ringgite | andhalang sisilih aran | karan dhalang Jaruman | mêndhêm kula namurlaku | tan ana ingkang wêruha ||

163. Yèn sang Panji kang ngaringgit | pan bêlolokên ing rupa | tan wruh ing dhalang yêktine | yèn iku putra Jênggala | ingkang mindha dhadhalang | lir Krêsna kalawan Wisnu | tan Wisnu Krêsna kang ana ||

164. Kèh wong karêp ing kajatin | ciptaning wong puruita | dèn-pisah-pisah jatine | dèn-sêngguh sanès wujudnya | raga kalawan Sukma | jatining sarira iku | kang obah mosik ya Sukma ||

165. Kawangwanging siyang ratri | raga tan ana nyana |§ Kirang sawanda, prayoginipun / anyana /. lamun Sukma sajatine | angèdhèng dadya dhadhalang | kawayang cipta rasa | budi angên-angên iku | akêlir jagad walikan ||

166. Katon ring paèsan jati | lêlakone Kae Dhalang | prang lan banyol karêsmine | anèng sajroning wênginya | nyatèng wahya jatimika |Lebih satu suku kata: nyatèng wahya jatmika. ngaurip kalakonipun | yêkti nang jroning yuswanta ||

167. Mangkana ingkang pinêthik | suluke Sèh Anggungrimang | kang tanggap panggraitane | cumêplong tyas lir binilas | asukur suka rêna | ingkang balilu kalulun | ring swara rêmên tyasira ||

168. Miris kadya dènris-iris | kadrêsan rarasing swara | parèstri tambuh driyane | acipta salaminira | Gungrimang tan kedyekakadyèka. | modot kabagusanipun | lir jajaka awiraga ||

169. Pawèstri kèh samya brantibrangti (dan di tempat lain). | lepya maring Jayèngraga | mring Anggungrimang wuyunge | angungudang jroning nala | samya angalêmbana | Ki Anggungrimang abagus | abêsus bisa wèh branta ||

170. Sèlèhing saurannèki | gantya singir Ragasmara | anglêg kang Sêkar Gadhunge | suluk Purbajati ika | kinidung singirira | gyuh siwuh sasolahipun | lir rêtna anèng raraga ||

--- 12 : 19 ---

171. Kewala rêke anyilih | tan wande angulihêna | tan langgêng angga angangge | lir tingaling patopèngan | tan tipsantiksan. ing paningal | kalingan ing pandulu |Kurang satu suku kata: kalingan ingkang pandulu. tèpèngmutopèngmu. lêlêng tan mulat ||

172. Panglènging Hyang Purbajati | muksa nir tan katingalan | karêm kandhêg pandulune | paran margane panggiha | ngulati (ng)granning arga | Sukma nêdhèng dhirinipun | aliwung ing wuyungira ||

173. Kadyangganing sêkar kentir | nir anggananing kusuma | dening kaijaban wimboh | rêke adoh yèn dinohna | parêk pinarêkêna | têtêmu nora kêpangguh | sirna tansah kawistara ||

174. Wus awor datan anunggil | kapisah tan kêna bênggang | kahana tan na nyatane | pralambang sandi pralena | lir tibaning asmara | campuh ika iki iku | sampurnane sawatgata ||

175. Swarane Ki Ragarêsmi | cumêngkling lir gambang gangsa | manis arum karya lamong | lan-lam wiwilêtanira | lêse araras driya | kumêsar sakèh kang ngrungu | akale kaya kapinjal ||

176. Randha wulanjar kang branti | myang para parawan tuwa | kang samya dêlèwèr sêmbèr | kababar kabara-bara | angrurah manah inah | wiwinih dènnya mêmanuh | kang gênah kang dadi manah ||

177. Lali maring Jayèngragi | lali marang Anggungrimang | mung mring Ragasmara bae | kang ingugêr-ugêr tingal | katêmbèn wruh ing warna | kêlayu angguyu-guyu | mring Ragasmara kasmaran ||

178. Nulya gantya ingkang singir | Ki Piturun anglik raras | kadya wulung kapipite | ngalêp-alêp angumandhang | gêtêr gêtas arênyah | tyasing wong kadya tinutus | rêmus tan urus kadrawas ||

179. Wus kadya sinuwir-suwir | ngawar-awar ngayawara | srêrèyongan atine |Kurang satu suku kata: sarêreyongan atine. maro mêrtêlu mêrapat | tambuh kang dèn-piliha | tyas anglut mring Ki Piturun | karêntêke brantanira ||

180. Suluk kang kinarya singir | pan suluk Jatipralena | carmining roh tokit rêke | wêwayangan rupa tunggal | tan kêna palih kayan | kayun wisesa puniku | Maha Sukcining Hyang Sukma ||

--- 12 : 20 ---

181. Mulya wisesa sajati | kang rupa wisesa kayan | molahkên rohira rêke | marang rupa samadi ka | mêpêki uripingrat | uriping kahar puniku | atmalul ngèlmu tokitnya ||

182. Kang tokit kijabing gaip§ Prayoginipun / gaib /. | kang dumadi kawruhana | sahadat tri prakarane | kang dhingin mutanakirah | lawan mutawasitah | mutawilah puniku |Kurang satu suku kata: muta awilah puniku. lide kang mutanakirah ||

183. Angucap kalimah kalih | asêksi mukmin mupakat | sahadade mukmin rêke | lide kang mutawasitah | ngabdah lasarikalah | malekat kang mukarakun | kang kaèksi ing nujêmba ||

184. Allah ngawruhi pribadi | lide kang muta-awilah | anaksèni ing dhèwèke | sinangala-an punika | gaib tan kawanguran | Nabi Kabib badalluhu | kang sinung muta-awilah ||

185. Ing nguni datan kakalih | kale langgêng mung satunggal | lir wawadhah upamane | akêtêk gung isènira | yèku mutanakirah | minangka wawadhahipun | ing mutasita-awilah ||

186. Ana papan tanpa tulis | puniku mutawasitah | de tulis tanpa papanne | pan sadat muta-awilah | kamoting mutakirah | dèn-raosna kang satuhu | têgês lan pasêmonira ||

187. Sahadat kalih puniki | kawadhah ing mutakirah | dadya kang mukmin kalbune | jujuluk idayatolah | papan mawa tulisnya | kang tulis kodratolahu | papan iradating Sukma ||

188. Dadya sêmbah lawan puji | kalbune mukmin nugraha | Mukamadiyah rubuke | lan Mukamad karijiyah | wawadhah ngèlmu Allah | lir gatha-rêtna sumunu | isi madu pinasthika ||

189. Pinèt kang madu sajati | sah saking sasananira | madu mutak sing rasane | sub ring habganing Hyang Sukma | suhul tan manjing mêdal | kêmbul jiwa nora wujud | kalawan wêkasing tingal ||

190. Dadya tan ana nganani | ton-tinon tunggal dhirinya | Maha Sukci ing jênênge | tasbèhing Hyang Kang Wisesa | anêsbèh

--- 12 : 21 ---

ing sagala | ngèsthi jiwa dhawakipun | lêstari jiwangganira ||

191. Kadya muksa tan aningit | anglaut tanpa banyunya | sampurna napi isbate | purna langgêng jênênigrajênêngira. | tan nir kidam baka-nya | wus tam dènnya singir suluk | Ki Tokitjati Pralena ||

192. Têkèng sauranirèki | suwuk amaca salawat | ngaring-aring dènnya aso | èstri kang samya niningal | samya korag-karegan | bingung paranning awuyung | kapiran kang kinèdanan ||

193. Siji tan ana pinilih | padha kewala brantanya | dadya arêp mring kabèhe | batinne kapara-para | blero ura ngalampra | tan wus ucapên kang (n)dulu | Sèh Malangkarsa ngandika ||

194. Lah ta Sariman dèn-aglis | ruktinên kandhurinira | ingkang liningan nulya ge | atata-tata ambêngan | miwah ingkang rampadan | Cênthini naoskên ngayun | ambêng mring bêndaranira ||

195. Sèh Mongraga ngandika ris | yayi Kae Malangkarsa | mungguh mukmin Jawa kiye | tanggaping pangêrtining tyas | dhangan sacaranira | priyangga rasaning suluk | andungkap panggayuhiya ||§ Prayoginipun / panggayuhira /.

196. Prabeda pasahing kalbi | ingkang saking kitab Kur'an | kêdah kathah rubedane | adangu suruping driya | tan têkèng rasa sabda | kêdah nèng lambang kikiungkikidung. | lêlagon têmbang macapat ||

197. Tumungkul kang sinung angling | ajrih tan purun matura | saking kasinggihanane | Sèh Mongraga ris ngandika | suwawi samya nadhah | kandhurèn kewala kêmbul | pênêd sami karananlah ||§ Prayoginipun / karana Lah /.

198. Anulya sami awanting | alêkas bukti kêmbulan | jalu kalawan èstrine | wus samya ambêng priyangga | pakantuk dènnya nadhah | waradin sadayanipun | myang wong nonton kawaratan ||

199. Wus tutug dènnira bukti | luwaran gya cinarikan | samya dinum barêkate | linorod rumpadannirarampadanira. | pan sampun aluwaran | ing wanci wus gagad bangun | bubaran dènnya singiran ||

--- 12 : 22 ---

200. Wong kang nonton sami mulih | ana kang banjur anatas | datan mulih omah adoh | angasag liring manawa | sapa kang asung tingal | pan samya kaku amêtu | atine randha wulanjar ||

201. Sèh Mongraga ngandika ris | Kae yayi Malangkarsa | ing mangkya bakda Subuhe | kewala samya umangkat | sami lampah tirakat | marang Wanamarta dhukuh | arinta sadayanira ||

202. Sèh Malangkarsa turnya ris | kawula inggih akajat | tumutur ing rinta rêke | kawularsa yun apanggya | marang rama paduka | singgih (n)Jêng Kiyai Guru | Panurta ing Wanamarta ||

203. Sèh Mongraga mèsêm angling | hèh yayi Alkamdullillah | andhatêngakên kajate | suwawi yayi sêmbahyang | waktu utama awal | kang samya liningan gupuh | mring masjid mèt rastu kadas ||

204. Sèh Mongraga angimami | swaranira rum araras | surat wusing Patekahe | surat Sujadah winaca | adêge sinujudan | adangu pamaosipun | kang makdummakmum. rahab miyarsa ||

205. Rêkangatipun kang akir | sawusing Patekahira | Surat Kasah§ Prayoginipun / Kasar / = Al Kautsar. wawatone | antara rêkangatira | adêge Kinunutan§ = dipun dongani Kunut. | tahyat bakda salat sampun | angamal puji-pujian ||

206. Dikir donga dèn-nasibbi | salawat asasalaman | jalwèstri makmum ngumume | paragat wêktuning salat | dadya samya alênggah | pra santri kèh samya mêdhun | sang Sèh Adi Amongraga ||

207. Pangandikanira aris | lah yayi Ke Malangkarsa | kantuna basuki rêke | kawula yun mring panisan | sasanèng pasamunan | sung salam pra arinipun§ Prayoginipun / ariningsun / [sudah benar : arinipun]. | gupuh nêmbah jawat-tangan ||

208. Nulya lumaksana aris | lan kang garwa Ni waela | Selabranta lan siswane | Ragasmara tansèng wuntat | umiring dwijanira | mijil salêngkaning pintu | muksa tan wis kawistara ||

209. Mulya sasanèng awingit | kang samya anguntap kurmat | ring Sèh Mongraga kundure | samya wangsul lajwèng wisma | tata dènnira lênggah | Kae Sèh Malangkarsèku | aris dènnira ngandika ||

--- 12 : 23 ---

210. Mitrèngsun Sèh Amongsari | kalawan Kae Sèh Modang | kang sun-gawa mentar mangkaGuru lagu seharusnya: 8e; kang sun-gawa mentar mangke. | katêlu si Basariman | dadya grêmaning marga | dene kang kari ing pungkur | kakang Kae Pariminta ||

211. Lan Trêsnaraga wong kalih | padha rumêksa ing wisma | miwah bar-jumuwahbar-Jumuwah. rêke | ywa kongsi wêktu muadah | kang liningan sandika | ngling malih mring garwanipun | lah Malangrêsmi ta sira ||

212. Lah sira kariyèng wuri | sangganing ambêng Jumungah | aywa owah lan sabênne | manawa wus kalawasan | anèng ing Pamintaran | mangsa bodhowa sirèku | karêksane Jumungahan ||

213. Sira Nikèn Malangrêsmi | ingujaran lawan garwa | datan lênggana ature | miwah Mongsari Sèh Modang | bêbeja mring rabinya | sadaya sami jumurung | nging rubiyahe Sèh Modang ||

214. Bibisik marang ing laki | kawula tumutur mentar | tan bisa sah saparanne | tan bisa lamun tinilar | yêkti kula lênggana | Ki Modang mèsêm gumuyu | lah sira iya mèluwa ||

215. Lêga tyasnya Nyi Pêlangi | linilan milya umentar | batinne seje arahe | saking tan bêtah sah mulat | marang Ki Jayèngraga | yèn ing mangke-mangkenipun | manawa kêna ingarah ||

216. Sisinglon tambaning branti | karasa yun wruhing rasa | kang kinayu alakake | mêjên lir mati-matiya | tansah dèn ênêbing tyas | saking lintang brantanipun | angayun hyun jroning driya ||

217. Sèh Malangkarsa mèsêm ling | paran kang samya liningan | bibisikan rubiyahe | matur punika rayinta | Palangi anut mentar | mring Wanamarta tumutur | nauri ênggèh prayoga ||

218. Sèh Mangunarsa ngling aris | mring kang rayi Anggungrimang | kulawangsanira kuwe | prayoga padha wangsula | mulih mring Wanantaka | anêtêpana ing wêktu | yèn ing dina bar-jumungah ||bar-Jumungah.

219. Aywa akèh kang umiring | pêrlu rumêksèng agama | yèn muadah Jumungahe | gupuh Kae Anggungrimang | ngling marang kulawangsa | kakang Martaduta iku | Prakosa lan Dêrmadana ||

220. Miwah kakang Palakarti | kinarsan kinèn wangsula | mantuk

--- 12 : 24 ---

mring Wanantakane | tan karilan tumutura | lamun mring Wanamarta | kewala mung Ki Piturun | êmas§ Prayoginipun / Iman /. Sêca Jatingarang ||

221. Tan lênggana kang sinung ling | pra samya matur sandika | kumambang rèhing karsane | nulya pamit atur salam | watara wus linilan | mentar kulawangsa catur | mulih maring Wanantaka ||

222. Kae Sèh Malangkarsèki | angling paran wus samêkta | kang rinukti gagawane | wus matur samya samêkta | jal-wèstri samadaya | wong pitulas kang lumaku | pra kanthinira nèng marga ||

692. Kinanthi

1. Marahbang mèh rainesuk | sumirat ring ngawiyati | wimbaning ima-pracima | jwala lir lungsir akuning | pendah tinrahing pradèndah | rêgêding niricarambi ||

2. Sasmita krêsna tinuntung | dènnira dada ngrênuki | lir wastra pulas turutan | wraning jalada muryani | kasuluh karabang mambang | singip nèng ngudayèng wukir ||

3. Wèh kêrtyaningrat sawêgung | sunaring Hyang bangun enjing | petang pradata kadipan | sawining patra maèksi | lir sasmita kèn tumulya | mring kang myarsa mara aris ||

4. Malangkarsa aris muwus | marang Sèh Mangunarsèki | manawi sampun samapta | suwawi mumpung a-enjing | parang timbuling Aruna | maruput naput ing siti ||

5. Sèh Mangunarsa umatur | sumanggèng karsa umiring | samya nulya lumaksana | mijil sing pawismanèki | pra waela anèng ngarsa | tumurun dhingkiling dèsi ||

6. Aturut toya pinêcut | ngapit kanan kering margi | guntinging toya cinakra | ginêntha gathit angringing | kumriwis sinrang srang-srangan | kumringsing sampyoh kalinthing ||

--- 12 : 25 ---

7. Sabên jog undhakan sinung | jinèntra dèn-kêkêlèngi | ramya lir gêndhing tinabah | sri kapyarsa pangringinging | yata wau kang lumampah | Kae Sèh Malangkarsèki ||

8. Lawan Sèh Mangunarsèku | Anggungrimang Jayèngrêsmi | Jayèngraga lan Sèh Modang | Piturun lan Amongsari | Ki Monthèl lan Basariman | Jatingarang Man Sêcèki ||

9. Miwah pra rubiyahipun | Ni waela Rancangkapti | Turida lan Rarasatya | Pêlangi cèthi Cênthini | pitulas sadayanira | rolas priya kang limèstri ||

10. Praptèng sor dènnya tumurun | (n)jog margagung pinangantin | parêrêman sêndhang Blara | sêndhang gêdhe anyawêning | enjang wus kambah pra janma | kang ngangsu adus jalwèstri ||

11. Ing wanci lagya sadhawuh | trap karya jalma sasabin | gumyah kèh warnaning karya | maluku anglèr nampingi | kang lagya ngêlêp tulakan | kikirih amurih warih ||

12. Kang mimijah ngêmbêng ranu | alirab ombak maringin | canthoka tusthèng gothaka | kaplikaning toya sabin | gambira kasranging toya | kadya amangun kamuktin ||

13. Anabah kapyuking banyu | kasibo bêntaring§ Prayoginipun / bêntèring /. rawi | katungkul mungkul tan malat | ring sarparsa amangsahi | sinaut canthoka kêna | pukange angulat alit ||

14. Kinêroncal nora ucul | wêktu (n)jrit kasêring-sêring | waskitha tang pakswasi bang | tangginas wêktu binukti | kalap lan sarpane kêna | si asuka lèh mangsèki ||

15. Ge-yangge§ Prayoginipun / ge-age /. binêkta mabur | mring panggalêngan angalih | anjrah kang paksi putiyan | kacubing wè mèk mangsèki | trap nèng galêng jèjèr wayang | lir puspa mênur mênuhi ||

16. Sêlur wong magawe tandur | tan ana mangsane siji | anêbar mocong dautan | kang nêba ambêbanjari | kang lagya marapêk mudha | mêrkatak angêmping kuning ||

--- 12 : 26 ---

17. Kang ramya panèn andulur | wong dêrêp nganèn-anèni | yata wau kang lumampah | arayat tataning margi | nut tinunging pagalêngan | jalma kèh samya ngaruhi ||

18. Nilingkên ngawe andulu | Kae Ki Malangkarsèki | ana maring ngêndi baya | de akèh têmên kang ngiring | kang dêrêp parêking marga | randha walanjar samyèksi ||

19. Tumingal ingkang alangkung | pating barisik ngling ririh | e e kuwe Jayèngraga | baguse kapati-pati | mendah kang duwe lanangan | tan ana warêge gandhik ||

20. Ginuyu mring rowangipun | jorogan gêpyokan pari | paguywan acêcikikan§ Prayoginipun / acêkikikan /. | Jayèngraga myat anolih | kapranan kang tiningalan | kang katrajang ing pangèksi ||

21. Samya mitênggêng andulu | pari sapocong lèhnèki | gumrègèl runtuh ing lêmah | suprandene tan tinolih | kang nginang nyawang lambe bang | ting cênanuncênanuk. anjèwèri ||

22. Èstri kang sipêng ing dalu | tutwuri kongsi atêbih | ngalintangi pasabinan | têgal pagagan palêstrin | myang patunon patalunan | yata kang samya lumaris ||

23. Laju wau lampahipun | kapungkur Ngardipalèki | têgal gaga patalunan | têgalan palêstrèn sabin | kang samya wus kalintangan | napak tratabing wanadri ||

24. Ki Monthèl lawan pangulu | Basariman anèng ngarsi | kang dadya ngrêmaninggrêmaning. marga | nitik marga ing asungil | umasuk ing wanawasa | kèh buron wana maguti ||

25. Singa andaka andanu | kidang manjangan myang kancil | sasakan samya kabrasat | anêbas lumayu wingwrin | tan ana wani nukarta | marang kang andon lumaris ||

26. Lampah sapakantukipun | barkat parah lan pawèstri | sring raryan ing sasinguban | amucang wênèh nyanyamik | lamun parêk ing padesan | kewala raryan tan kampir ||

--- 12 : 27 ---

27. Yèn pinuju manggya ranu | wus wanci pidak mèh lingsir | samya mahèran mukadas | wêktu ngabêkti ing Widdhi | bakda Luhur lumaksana | myang Ngasar kadalon Mahrib ||

28. Kewala anèng wana gung | wêktu kalarèng ratri |Kurang satu suku kata: wêktu kalanirèng ratri. kajat tirakat jro wana | kang asimpar mawa wingit | ing Mahrib tumêkèng Ngisa | Sèh Mangunarsa ngimami ||

29. Wusing bakda Ngisanipun | tan lèngsèr saking (ng)gyannèki | wus prayoga amirantya | nèng sala§ Prayoginipun / sela /. kumlasa rêsik | kayoman wrêksa mandera | tranggulun lawan kusambi ||

30. Kang ngagar karya ruh-urubrub-urub. | Monthèl Basariman sami | anyamik sasangunira | jadah jênang apêm bathil | myang lèmpèng sabun krasikan | sagon gêmblong pêlêm manis ||

31. Samya angganing rarapuh | katoran dènnya lumaris | wau kang para waela | kasayahên dènnya laris | samya pêtêk-pêtêk pada | paparêm sariranèki ||

32. Langus wannahulu rukuh | wau ni wadon Pêlangi | duking waktu bakda Ngisa | kalajon dènnira guling | tan sêmbada niyatira | duk sorene dènnya mikir ||

33. Marang Ki Jayèngragèku | mêngko samangsa wus ratri | anèng wana sirêp jalma | sêdyane anggêgrêmêti | ginujêg manawa arsa | sisinglon mriyêmbadani ||

34. Anggêgêpok bae lothung | saking sangêt dènnya kingkin | tyasnya tansah nganta-anta | ngahyun-hyuning siyang ratri | cadhang paguting asmara | yèn kalakyaning punagi ||

35. Anging Ki Jayèngragèku | wus wruh saliring pangapti | mring Pêlangi lèjêmira | Jayèngraga ngawekani | lamun ta kalampahana | Pêlangi kongsi anjawil ||

36. Yèn nganti anyiwêl pupu | tan wande katêmbèn tangi | têmah anggugurkên lampah | wus cipta amamarèni | nalangsa sajroning nala | pupuji luputing dêngki ||drêngki.

--- 12 : 28 ---

37. Doh nèng setan ngagu-agu | guguyon margane sisip | kang mugi sinung elinga | Pêlangi aywa nêkani | dudu mukriming agama | anggege godhaning ati ||

38. Kae Sèh Malangkarsèku | Mangunarsa Jayèngrêsmi | Jayèngraga Anggungrimang | Piturun lan Amongsari | tanapi Kae Sèh Modang | samya rawatib ing wêngi ||

39. Trap wirit Salsiyahipun | Sabariyah Nakisbandi§ Prayoginipun / Naksabandi /. | Muallah Barjah Jalallah | samya sumungku amupit | asuhul pan ahulpana | pangasikirèng Hyang Widdhi ||

40. Santosa dènnira junun | ratri praptèng bangun enjing | bakda dènnira wiritan | ngulama jalu lan èstri | kasubing sira Pangeran | mahanucèkakên dhiri ||

41. Tawakup panlangsanipun | tapakur sukuring Widdhi | kandhas rumangsaning driya | kaslamêtaning aurip | pasrah sêkadaring driya | wus nir tan awalangati ||

42. Wus anggagad wêktu Subuh | suluh lintang panjêr-wêngi | Sèh Malangkarsa ris mojar | wêktu sêdhênging ngabêkti | Subuh utami kang awal | suwawi mahèrastuti ||

43. Sèh Mangunarsa umatur | inggih sumangga ngabêkti | samya tumurun maring Lah | kang aturu dèn-gugahi | Ni wadon Pêlangi kagyat | ginugah mring lakinèki ||

44. Datan nyana nèng wana gung | sinêngguh nèng wismanèki | maksih mirurut netyanya | gêgêtunnira tan sipi | tan bisa sapagêpokan | kalawan Ki Jayèngragi ||

45. Dèn-yap-uyap dhadhanipun | kaduwung dènnira guling | aturu wit sore mula | sawêngi nora ngalisik | atine abuntayangan | tambuh kang dèn-uring-uring ||

46. Gya mèlu mèt toya wulu | kabèh wus samya susuci | adan sira Jayèngraga | ririh swara rum amanis | kadya dede swarèng jalma | lir swaraning smarabumi ||

--- 12 : 29 ---

47. Kumênyut ingkang angrungu | kumêsar tyase Pêlangi | mêngkarag gigithokira | mêjên mêtokkên rahsèki | saking sru dubilah setan | brantane mring Jayangragi ||Jayèngragi.

48. Sawusnya (n)dan sunat gupuh | anulya kinèn ngamati | wus kamat ngangkat parlunya | Sèh Mangunarsa ngimami | Surat sawusing Patekah | Surat Sujadah ingapti ||

49. Sinujudan adêgipun | dungkap rêkangat kang akir | surat sawusing Patekah | Surat Kasar§ = Al Kautsar. wacanèki | adêge wus Kinunutan§ = dipun-dongani Kunut. | têkèng tahyat bakda nuli ||

50. Ngamal pupujiyanipun | dhikir sucining ngabêkti | anumpa pandonganira | Jayèngraga anasibi | paragat wêtuning salat | maksih rêmêng saput siti ||

51. Ke Malangkarsa amuwus | suwawi mangkat lumaris | ywa kongsi kambang ing surya | maruput mupung aenjing | gya mangkat sadayanya |Kurang satu suku kata: gya umangkat sadayanya. pan maksih rêmênging ratri ||

52. Lêstari dènnya lumaku | lêstari tan na drigami | marga kèh têrusannira | timbuling Hyang Arun-enjing | sring papagan ing lumampah | priyayi manca-nagari ||

53. Sudagar myang wong buburu | kikitêr giwêr anggiling§ Prayoginipun / anggili /. | miwah kang wong dhadhampalan | momot tan tarkadhang santri | kang panggrêma nitik wana | kalang-odhèg amêdhati ||

54. Kalanya raryan ing ênu | Sèh Malangkarsa ngling aris | kang êndi marga simpangan | kang marang ing Gunungsari | manira ayun mampira | panggih lan Cariksutrèki ||

55. Monthèl Basariman matur | ing mangke yèn sampun prapti | ing wana Jêmbul marganya | simpangan sidhating margi | kang ngalor ngetan lajêngnya | margi mring Wirasabèki ||

56. Ingkang ngalèr-ngilèn laju | inggih saking Gunungsari | lah ya wis ayo umangkat | ywa kongsi nananggung margi | lamun kabancanèng [ka...]

--- 12 : 30 ---

[...bancanèng] jawah | sayêkti nora dumugi ||

57. (n)Dan samya mangkat lumaku | ngambah wana jurang têrbis | anusup ayamalasan | andarung lampahira ris | saenjing dènnya lumampah | kongsi wanci surya lingsir ||

58. Pidak ro akiring Luhur | anon we lyah ing wanadri | parungan sela malatar | kayoman witing kusambi | raryan ing ngriku asalat | samya amahèr-astuti ||

59. Lèrèhkên angganya rapuh | wus aso dènnya ngangaring | Sèh Malangkarsa ris mojar | paran wus parêka iki | watêse ing Jêmbul wana | Basariman matur aris ||

60. Pan inggih ing ngajêng ngriku | wangkite Jêmbul wanadri | yèn sampun malbèng talatah | ing wana Jêmbul awingit | tan kenging amunasika | barang kèksi myang kapyarsi ||

61. Yèn wontên kang salah dulu | lampahe datan lêstari | ka-arat marang dhadhanyang | kaganggu kang marabumi | kang pês musna ing wana |Kurang satu suku kata: kang apês musna ing wana. kang lujêng kasasar margi ||

62. Kongsi sapasar tan pangguh | margi kang kambah ing nguni | pan sampun mawining wana | ing Jêmbul pan wus kadyèka | sring angganggu wong aliwat | kang sami asalah kardi ||

63. (n)Dan mangkat mahawèng ênu | ngambah grênging wana wêrit | sarah ing Lêbakpundhungan | lêstari dènnya lumaris | randhat dening pra waela | rèhning kasungilan margi ||

64. Ni Pêlangi lampahipun | samarga ngêrangu liring | iriban paguting tingal | arindhik lampah ing wuri | mrih supaya kasandhunga | tungkake mring Jayèngragi ||

65. Jayèngraga wruhing sêmu | ningali wadon Pêlangi | amingkar ngingani lampah | asabil micarèng ati | wong iki lir wudun tuwa | samangsa dèn-uthik-uthik ||

66. Pêcah mêcothot nanah wuk | nora kêna dènkikibi | angajak-ajak kiyanat | ngêmpakkên karêping eblis | dene-dene yèn bodhoa | ana pindhane sathithik ||

67. Sanajan parawan kêncur | mangsa kèngguha tyasmami | yata lêpas [lê...]

--- 12 : 31 ---

[...pas] lampahira | têkèng wana Jêmbul nênggih | tan na swabawaning wana | sato-sato miwah pêksi ||

68. Anyênyêt sêpên asamun | tan ana walang ngalisik | miwah kang samya lumampah | adhêdhêp tan ana angling | dèhèr pundhung paluhuran | tumurun jurang acuri ||

69. Ana swara kang karungu | sasambat sarwi anangis | angririntih amlasarsa | sambat kasasar ing margi | sanak liwat yèn awêlas | tuduhna margi kang bêcik ||

70. Monthèl Basariman ngayun | lumaku anolih wuri | sasmita ingkang lumampah | yèn ana swaraning tangis | aywa na kang salah karya | tangis-tangising dhadhêmit ||

71. Wontên malih kang karungu | angelingkên wong lumaris | lo lo sapa-sapa liwat | aja angiwa lumaris | niku dalan panasaran | nut kang nêngên bae bêcik ||

72. Pan kathah swara ngiridhungriridhu. | pèndah jalu èstri angling | wênèh lir tangising bocah | dèn-nêng-ênêng biyangnèki | lir rarywa-ngon paguguywan | ngalegungkên kêbonèki ||

73. Yata laju lampahipun | mituhu tan salah kardi | dungkap wanci wêktu Sar |Kurang satu suku kata: dungkap wanci wêktu Ngasar. ngantya tan amanggih warih | laju lampah jurang pringga | anitik warih ing margi ||

74. Angrarantun lampahipun | mangkana amanggih warih | ambêlik pinggiring marga | prasamya araryan sami | ngambil mahèrashukadasmahêrastukadas. | awaktu salat Ngasêri ||

75. Sêmbada akiring wêktu | Sèh Malangkarsa ngimami | gagêntyan sabên sêmbahyang | lawan Sèh Mangunarsèki | sawêktu edhang têrkadhang | Jayèngrêsmi angimami ||

76. Antara bakda Ngasar wus | mumucang udud ngalinting | sawusnya nulya umangkat | têkèng patunon wanadri | margi kang nyidhat simpangan | kang marang ing Gunungsari ||

77. Yata nimpang lampahipun | angalèr-ngilèn nut margi | wana tilas palagaran | pagrêngan wana wus nipis | babangkan wana ngunggaran | gugul galêngan ginagi ||

--- 12 : 32 ---

78. Ginarap wong Gunungsantun | kang samya gaga wanadri | ngambah pangalang-alangan | patratabaning wanadri | lêmpitaning palunguran | lêlêngkan pèrènging pinggir ||

79. Marga rumpil parang-parung | silak-siluk siluk-sungil | pacurèn wana rèncèkan | tan rancag maring lumaris | wit saya ing rapuhira | lêpas kang samya lumaris ||

80. Tatas panggrumbulanipun | rakaro kasit kalampis | katon pasawahanira | pagagan têgal palêstrin | miwah padhukuhanira | kakalih ing Gunungsari ||

81. Kang dhusun angapit§ Prayoginipun / ingapit /. punthuk | dhukuh parapating dèsi | asri patalunanira | dhêndhêng wohira andadi | gumantung mêndhêm§ Prayoginipun / pêndhêm /. kasimpar | jajanganan amêpêki ||

82. Tulus kang sarwa tinandur | wontên sabate kakalih | Sêtranaya Sêtradrêma | samya dhangir matun sabin | Ki Basariman tumingal | mring Sêtradrêma adhangir ||

83. Mèsêm guruh aruh-aruh | e lah de kiye si adhi | Sêtradrêma apa iya | kang dhangir lagya ngadhuki | kagyat (n)dêngèngèk Ki Sêtra | -drêma anauri aris ||

84. E e dene kang pangulu | adika§ Prayoginipun / andika /. niku mariki | akathah rowange lampah | sarêng sintên kang priyayi | nauri Ki Basariman | (n)Jêng Kyai Ngardipalèki ||

85. Mariki lampah martamu | kathah sasarêngannèki | dadya kandhêg lampahira | Sèh MalangarsaMalangkarsa. ngling aris | de iku Si Sêtradrêma | sokur kapranggul nèng ngriki ||

86. Lah sira matura lamun | manira ayun papanggih | akèh sasarênganingwang | kang padha arsa martami | kang liningan tur sandika | agupuh lampahirèki ||

87. Pan sami amêngkul pacul | ge-age dènnya tur uning | kang kèndêl lajêng lumampah | tutwuri ingkang tur uning | yata Kae

--- 12 : 33 ---

Cariksutra | lungguh lan arinirèki ||

88. Carikmudha wastanipun | lan para rubiyahnèki | sakawan samya nèng ngarsa | Ni Mintarsih Mintarêsmi | Wratsari Ngronsari samya | nèng kanan keringirèki ||

89. Ki Cariksutra amuwus | marang Ki Carikmudhèki | ala nganggur cacaturan | bab impèn duk mau ratri | ngong turu mung saliyêpan | katon ana ranu banjir ||

90. Ngêlêbi sabin myang dhusun | kongsi sadhadha jronèki | ngalor-ngetan ilinira | banyune kalangkung wêning | iku priye wahananya | wong ngimpi andulu warih ||

91. Priye yèn mungguh sirèku | apa tarbukane yayi | Carikmudha aturira | sumanggèng karsa pribadi | kapantês kang sapunika | mênggah parimbon pangimpin ||

92. Sayêkti botên tartamtu | nêtês kang cèplês nêtêsi | Cariksutra mèsêm mojar | ah ègèk têmên sirèki | maido unining papan | paranta mungguh sirèki ||

93. Ki Carikmudha amuwus | botên ta maibên tulis | mênggah kawula piyambak | punapa kang wus sayêkti | sami-sami katingalan | gêni angin banyu bumi ||

94. Lawan wowohan lan manuk | surya myang swara kapyarsi | sasaminipun sadaya | kadosta katingal warih | satêngah tiyang satunggal | ngalamat angsal rijêki ||

95. Wênèh kadhatêngan ngèlmu | ilham kabuka ing kapti | wênèh kadhatêngan lara | cilaka amêlarati | wênèh angsal gurutama | mila tan kenging pinasthi ||

96. Wus makatên adadipun | sami-samiya angimpi | kang blènyèt tunggil impèn |Guru lagu seharusnya: 8a, kang blènyèt tunggil impènnya. kang ngimpi tiyang kakalih | pasthi sanès pamanggihnya | kang janma satunggil-tunggil ||

97. Sumangga badhe kadyèku | Ki Cariksutra mèsêm ling | ya wus bênêr sojarira | angling tan nglêgakkên ati | rada mêlasaki sarak | tur ujarira sayêkti ||

98. Wuwus têrus nora rurus | jêmak pinarita ngèlmi | kang patut kalawan [ka...]

--- 12 : 34 ---

[...lawan] kitab | sasmitaning rasèng kapti | gumuyu Ki Carikmudha | inggih lêrês atur kami ||mami.

99. Supêna ngalamtipun |Kurang satu suku kata: Supêna ngalamatipun. awon pênêd pan pinanggih | sasmita lampah ngagêsang | ngalamat wangsiting Widdhi | kaetang ing wancinira | sontên têngah dalu lingsir ||

100. Tuwin enjing gagat-bangun | kalamun sontên angimpi | apan kalihdasa warsa | yèn pênêd pinanggihnèki | yèn rikat dwidasa dina | bêgjane impèn kapanggih ||

101. Yèn awon sawulan pangguh | rikatipun tigang ari | pinanggih cilakanira | lamun têngah dalu ngimpi | sadasa warsa kapanggya | lamun pênêd rikatnèki ||

102. Sadasa dalu kapangguh | miwah sapêkên pinanggih | yèn awon nêmu lan panggya | yèn rikat tri ari panggih | yèn wanci bangun supêna | sataun pinanggihnèki ||

103. Rikate sadintên pangguh | punika yèn pênêd ngimpi | yèn awon sawulan panggya | myang sakala andhatêngi | awon pênêd pan kapanggya | makatên pamanggih-mami ||

104. Ki Cariksutra gumuyu | ana pindhane sathithik | yèn anyupêna wruh toya | agêng kalangkung awêning | iya mbuh enggal laminya | papanggih lan ngulama di ||

105. Pra rubiyah nambung atur | tan wanèh turira sami | supêna lamun katingal | yèn ta pangawaking èstri | manawi wontên wanodya | endah ngunggahi mariki ||

106. Samya sarêng gêr gumuyu | Ki Cariksutra anolih | ih têrbuka ngêmu rasa | dèn-pakolèhakên angling | landhêpe gêcok wadonan | yèn ana bab raja rêsmi ||

107. Wus ora nganggo dèn-wuruk | cumèmplêng tyase ngêthuli | tan kari calêkitira | dudu surup dèn-sambungi | para rabine sakawan | èsême sêmu ngèncêpi ||

108. Eca dènnya imbal-wuwus | Sêtradrêma ingkang prapti | ngêdhêpêg sila turira | kawula ngaturi uning | punika wontên dhatêngan | putranta Ngardipalèki ||

--- 12 : 35 ---

109. Kae Sèh Malangkarsèku | kathah sarêngan priyayi | jal-wèstri ngulama tama | katarèng cahya nêlahi | tan pati rowang wong rucah | kang sami nêdya martami ||

110. Ing mangke ngantun§ Prayoginipun / ngantu /. nèng pintu | Ki Cariksutra mèsêm ngling | têmbe mênêng sun-rarasan | tamuwan jalma utami | angling mring rubiyahira | sira ngruktiya sasaji ||

111. Miwah gagêlaranipun | kang samêkta sarwa suci | miwah (ng)gyannira lah-olah | karya-a nyamik kang bêcik | aywa kuciwèng sugata | sakadare grumbul adi ||

112. Dhayohmu jalma linuhung | nom-noman oliya sami | wus ambêg bangsa kusuma | kalakuhankalakuan. olah wingit | undangên para wongira | jalu èstri supaya glis ||

113. Manira amêthuk tamu | aywa kadangon nèng jawi | agupuh pra rabinira | parentah pra santrinèki | kinèn ngrêsiki pandhapa | (ng)gagêlar kalasa lampit ||

114. Ki Cariksutra lon muwus | lah ta uwus payo yayi | amêthuk kang sêdya prapta | Ki Carikmudha turnya ris | lah inggih kakang sumangga | anggambuh mêthuk tatami ||

693. Gambuh

1. Samya nganyarkên wulu | Cariksutra lan Carikmudhèku | maring pakadasan wusira susuci | gupuh dènnya mêthuk tamu | anulya wau kapanggoh ||

2. Ki Cariksutra uluk | -salam sinauran sadayèku | samya padha ngalaekumu-salammi | samya ingaturan laju | mring pandhapa tata lunggoh ||

3. Mirantya kalasa lus | wus satata Ki Cariksutrèku | jawat-tangan sirna satataning tami | Mangunarsa langkung suhun | myang Malangkarsa sru anor ||

--- 12 : 36 ---

4. Pupuji rila sukur | gantya-gantya tur salam mangayun | wus warata sadaya jalu lan èstri | ngancaran basukinipun | winangsulan karahayon ||

5. Myang Carikmudha sampun | sasalaman sarya pambagya yu | Cariksutra ngling aris mring santrinèki | lah Sêtradrêma sirèku | undangên nyaimu gupoh ||

6. Kae Malangkarsèku | nulya padha salaman sadarum | nulya asung salamira aprahabi§ Prayoginipun / angrahabi /. | marang ing rubiyahipun | gantya-gantya lanang wadon ||

7. Sarta pambagyanipun | mring pra putra kang samya martamu | amangsuli pambagyaning kang basuki | Ki Malangkarsa umatur | punika putranta karo ||

8. Jayèngrêsmi kang sêpuh | Jayèngraga ingkang anèm nêngguh | putranipun Kae Bayi Panurtèki | ingkang dipun-upayèku | ngayam-ayam jajahan doh ||

9. Ingkang kalih puniku | ingkang rayi Sèh Mongraga luhung | semahipun Nikèn Tambangraras inggih | punika ingkang rinuruh | ing dangu mangkya kapanggoh ||

10. Nèng Wanantaka dhukuh | Sèh Mangunarsa sasananipun | wus antara lami dènnira amurid | ing mangkya arsa umantuk | maring Wanamarta dhukoh ||

11. Tandya tinutkên pungkur | samya sêdya ing lampah tumutur | rêke samya kewala nêdya papanggih | Kae Bayi Panurtèku | duk ing dangu wus kapanggoh ||

12. Cariksutra gumuyu | myarsa turira Malangkarsèku | angling sukur rêke Alkamdulillahi | sami anêkakkên kayun | rèh kadang pan padha anom ||

13. Ngling malih mring sang bagus | Jayèngrêsmi Jayèngraganipun | karannya ingulatan ring Kae Bayi | lan Rubiyah mila nglangut | saparan tan kêna adoh ||

--- 12 : 37 ---

14. Duk lampahe angruruh | maring putranipun èstri jalu | kadèkneya bagus-bagus warnanèki | sêmbada lan rabinipun | ahli ngèlmu kang pasêmon ||

15. Kampir marene pangguh | lan manira sêbab duking dangu | singgih ramanèki Bayi Panurtèki | mitrèngngongmitrèngong. saeka kalbu | tan ana raos-rinaos ||

16. Duk sami sih nomipun | samya ngaji mring pasantrèn agung | tan kêna sah ing siyang dalu lan mami | sabyantu atunggal guru | amêngku santri tuwa nom ||

17. Tuwin anakmas bagus | jêbèng Mangunarsa kalihipun | Anggungrimang pun bapa angêpèk siwi | rèhne kèh kiranganipun | dados damêle wong anom ||

18. Kang mugi aywa kadung | kadung ing ngabêkti tiyang sêpuh | mring pun bapa sabab balilu ing budi | nanging namung lothung-lothung | wontên ingkang dèn-dhêdhaplok ||

19. Kang liningan andhêku | sarêng dènnira samya umatur | ingkang botên wontên paduka kawijil | kawula kalangkung nuhun | saking sih paduka rêngkoh ||

20. Ki Jayèngrêsmi wau | lan Jayèngraga ngandikangngandikèng. kalbu | e lah iki kang tinutur rama nguni | Cariksutra mitranipun | (n)Jêng Kyai Bapa wong winong ||

21. Nulya sugata mêtu | wedang pawohan pangananipun | Sêtradrêma Sêtranaya Sêtragati | Sêtralèwo Sêtrarêmbun | samya naosnakên sugoh ||

22. Para rubiyahipun | samya tata rampadan nèng ayun | pan ambanjêng sangkêp sawarnining nyamik | olahan di-adinipun | myang wowohan kang sumaos ||

23. Wusnya panatanipun | Cariksutra ngancarani tamu | lah suwawi punika sugatanèki | bibinta akusung-kusung | sung sarat jampi kalêson ||

24. Sumapala tan mungguh | mugi sampun kakirangan maklum | samya bukuh umatur nuwun sihnèki | tan sagêd mangsuli tanduk |

--- 12 : 38 ---

gênging sih paduka mring ngong ||

25. Inggih kalangkung nuwun | nulya samya nyanyamik sadarum | sasênênge wedang papangananèki | Cariksutra mèsêm muwus | lan Sêtradrêma dèn-gupoh ||

26. Timbalana nyaimu | kang tuwa pisan têlu dèn-gupuh | lan (m)bok ipe têlu pisan kon-mariki | padha nêmonana tamu | akakaruh padha wadon ||

27. Ingkang liningan gupuh | animbali pra rubiyah sêpuh | tan adangu katrine prapta ing ngarsi | Sudarmi Wilapa nêngguh | Suratmi katrinya rêko ||

28. Tan dangu rabinipun | Carikmudha sami praptèng ngayun | Ni Sukarsa kalawan Ni-mbok Sumilir | ronggèng ojrat waunipun | randha suka pinèt bojo ||

29. Cariksutra ris muwus | iku sutanta Ardipalèku | lan ing Wanantaka Sèh Mangunarsèki | karo iku putranipun | kakang Rundaya sèyêktos ||sayêktos.

30. Salamana sirèku | mring nakira jalwèstri sadarum | kang liningan gupuh sasalaman sami | gantya-gantya kumarubut | binagyan raharjèng lakon ||

31. Cariksutra lingnya rum | puniku nakmas bibinirèku | ingkang sêpuh titiga pisan puniki | dadya sadaya pipitu | lan bibinta kang nom-anom ||

32. Samya mèsêm andhêku | Jayèngraga ngling sajroning kalbu | nora jamak si paman Cariksutrèki | patute duk sih nomipun | rada bangêt (n)donne§ Prayoginipun / (ng)gonne /. mondhol ||

33. Tuwa-tuwa sih bêsus | nora ilang labête gumagus | kadurusan adêrês kêrêp arabi | dhasar sêmbada abagus | Ki Cariksutra duk anom ||

34. Mangkana siking kalbu | èngêt ring paman Kulawiryèku | eman-eman tan panggih paman Wuragil | yèn têmuwa kaya pundhuh | satêkonesa-têku-an-e = kelakuan. nora adoh ||

--- 12 : 39 ---

35. Yata ing wancinipun | Hyang Arka tumitah (ng)graning gunung | malbèng purwa-ima krêsna anjodhogi | sêdhêng mangsanira wêktu | Cariksutra lingira lon ||

36. Ngancari tamunipun | minggah marang patarubanipun | masjidira munggèng sapucaking wukir | tratagira sri ingapu | sumilak tinon saking sor ||

37. Pra tamu samya matur | inggih sumangga utami wêktu | nulya samya mudhun saking ing pandhapi | laju minggah mring masjid gung | sapucake ngarga Dhepok ||

38. Wontên balumbangipun | binot-rawibinotrawi. ing sela tinatur§ Prayoginipun / binatur /. | pakêmbêngan ing dhukur sing sela langking | papêncêding kang amunggul | andrawas tinirih anjog ||

39. Yata sami awulu | jalu èstri santri alit agung | wusnya samya sadaya mèt toyastuti | tinêngêran Mahribipun | santri adan tumalawong ||

40. Wong lilima ambarung | langkung asri kapiyarsèng asru | wusnya adan nulya sunat sadayèki | sigra kamad ngangkat parlu | Ki Sèh Malangkarsa kinon ||

41. Angimami mangayun | pan lênggana myang Mangunarsèku | mopo miwah Jayèngrêsmi Jayèngragi | kinèn ngimami ing wêktu | samya lênggana ing pakon ||

42. Sigra Cariksutrèku | nulya mangarsa ngimami wêktu | ngangkat niyat usalinira patitis | takbiratul-ikramipun | pèndah waja duk ingobong ||

43. Kala cinubing ranu | purnaning bang sanalikanipun | datan anèng waja tan anèng ing warih | ing jawi ewuh kinayuh | tan kajaba tan kajêro ||

44. Jumênênging awêktu | wus andadèkkên ing salatipun | wawacane sawuse Patekahnèki | apan Surat Kulya-ayu | Idaja-a rêkangat ro ||

45. Dungkap tri rêkangat wus | tahyat akir bakda salamipun | laju

--- 12 : 40 ---

pupujiyan alêlagon asri | dhikir donga limang wêktu | nulya surat Wabin mansoh ||

46. Wus purna wabinipun | antara wus panjinging kang wêktu | laju Ngisa kinikis marang ing takbir | -ratul-ikram suratipun | wusing Patekah winaos ||

47. Amal-nasrah§ Prayoginipun / Alam-nasroh /, Surat: 94. puniku | rêkangat kir wus Patekahipun | suratira ingkang winaca Walèli§ = Walaeli, Surat 92: Al Lail. | praptèng rêkangat rata wus | tahyat salam bakda gupoh ||

48. Sru pupujiyanipun | wus adhikir numpah donga luhung | wus paragat saliring sunat myang dhikir | salawat salaman gupuh | wus warata lanang wadon ||

49. Santri kèh samya mudhun | Ki Cariksutra lingira arum | lah suwawi kondur mring wisma prayogi | pra tamu tan lêngganèng hyun | nulya tumurun saking (ng)gon ||

50. Pra waela nèng ngayun | (n)dulur lampah marganya anikung | santrinira Sêtranaya Sêtragati | Sêtradrêma tiganipun | apan sami bêkta obor ||

51. Prapta pawismanipun | wangsul (ng)gyannira atata lungguh | Cariksutra lingira ris maring rabi | paran wus gantya ngungukus | lah mara saosna gupoh ||

52. Pra rabinira catur | miwah rubiyah kang sêpuh-sêpuh | angambil kang rarampadannya pribadi |§ Kurang sawanda, prayoginipun / rarampadanira / [sudah betul: 12i]. pra rubiyahira gupuh | tata rampadan mirantos ||

53. Bubucu anèng ngayun | sangkêp sarwa lam-ulamanipun | sêsambêlan kêlalabanlêlalaban. amêpêki | tan na kuciwa ing sêmu | Cariksutra lingira lon ||

54. Sumangga atuturuh | sawontêne ing pawanan gunung | lah ta kono payo wasisan abukti | kanca wadonan akêmbul | kukumpulan padha wadon ||

--- 12 : 41 ---

55. Ingkang liningan gupuh | sarêng dènnira sami awisuh | adan lêkas sadaya parêng§ Prayoginipun / sarêng /. abukti | kêmbulan langkung pakantuk | sêmada kaluwèn ator ||

56. Katoran rèh lumaku | para kakung tan pati pikantuk | pan wus lantèh ahli siyam sabên ari | kathah cacêgahanipun | ulam miwah uyah êmoh ||

57. Parèstri samya nutug | rèhne samya kêmbul nadhah pundhuh | amung Nikèn Turida lan Rarasati | ukur wuwur-wuwur puluk | ngenaki sarat kemawon ||

58. Rubiyah nyai sêpuh | bok Wilapa ing sapulukipun | kokoh jangan ngambil lawuh mêratani | sarwi anyandhing kalêmuk | gutuk puluk ngombe atob ||

59. Sêmbada awakipun | anglêmbêrêg langkung agêngipun | pra waela gumuyu dènnya ningali | Wilapa pamanganipun | ngathêkul kokoh acèkoh ||

60. Myang sakèh para tamu | samya mèsêm mula nyai sêpuh | Kae Cariksutra gumuyu sarya ngling | kang dènèsêmi puniku | punapa andika tumon ||

61. Marang (m)bok-(n)lika(m)bok-(n)dika. sêpuh | pun Wilapa kalamun lir pêcuk | sampun nate yèn drêmba mangan ngluwihi | sarta mangan sabên minum | gutuk puluk dènnya ngokop ||

62. Pan dèrèng sampun-sampun | yèn dèrèng têlas toya saklêmuk | sarêng têlas sêkul jangan lawan warih | salawuhane digêmpur | gêr gumuyu sadaya wong ||

63. Sadaya kang para rum | dènnira bukti kèndêl gumuyu | angling malih duk witne ramanta prapti | Kae Bayi Panurtèku | bibinta langkung pinoyok ||

64. Nging bibinta puniku | dhengah kang moyoki angguguyu | wus watake nora duwe laranatin | manahe nekad amupus | tan wontên winalangatos ||

65. Sadaya samya (ng)guyu | mbok Wilapa anaturi wuwus | kawula

--- 12 : 42 ---

puniki bagi wus pinasthi | ginanjar wak-kula lêmu | gimblah nglêmbarah kalêmon ||

66. Tansah sami ginuyu | wus antara dènnya nadhah tuwuk | aluwaran ambêng wus padha cinarik | linorod sinungkên pungkur | kulawangsa lanang wadon ||

67. Warata sadaya wus | royoman tuwuk pamanganipun | wus luwaran sadaya ingkang abukti | ganti dhaharan mangayun | winuhan kang sampun kalong ||

68. Ki Cariksutra muwus | lah suwawi anakmas puniku | nyamikane mangsêgane usap amis | liningan sadayanipun | tuwa anom lanang wadon ||

69. Dalap nyamikanipun | sasênêngira pamangsêgipun | asasambèn Jayèngraga matur aris | pantês putranta sadarum | dene datan wontên katon ||

70. Cariksutra lingnya rum | inggih kathah rinta etangipun | yèn gêsanga kalihdasa etangnèki | mung gêsang sakawan jalu | satunggilira kang wadon ||

71. Sampun pêncar (ng)gyannipun | kang jalêr wus suwitèng tumênggung | inggih dados carik anama ngabèi | Sastrawirêja wastèku | antuk sih tan kêna adoh ||

72. Inganggêp sasadulur | ing dyan Suradiningrat Madiyun | dipun-angkat patih maksih ngiras carik | tinantun agal lan lêmbut | tan wontên liya tinaros ||

73. Marma tan sagêd pangguh | lan manira saking datan kaur | anjawi yèn wontên pêrlu kang lwih tunggil | miwah kang samyèstri sampun | mah-imah samya doh-adoh ||

74. Pranaraga (ng)gyannipun | mantri kasêntanan kang amêngku | kakalih nèng Kalangbrèt myang Kadhiri |§ Kirang sawanda, mila prayoginipun / miwah /. sami dêmang kang amêngku | marma tan wontên atinjo ||

75. Rayinta ingkang sêpuh | Mas Ngabèi Sastrawirêjèku | sampun sêpuh kakang-adhi lawan mami | sampun sami mawat dunung |

--- 12 : 43 ---

kalangkung kapengin-ingong ||

76. Lamun darbeya sunu | kandhêg bibinta tan darbe tuwuh | marma ajêng ngogrèg-ogrèg kêdah rabi | kuciwa kalangkung sêpuh | kadho dene datan munggoh ||

77. Samya mèsêm gumuyu | myarsa dènnya abanyolan wuwus | pra rubiyahira sami angèncêpi | Cariksutra mèsêm muwus | banène èsême bojo ||

78. Rasane ting galuthuk | ora enak lir wong mamah watu | sambikala lir mamah manisan bêling | lêgine nglêburkên untu | tan pêsaja anjêlomprong ||

79. Sangsaya sru gumuyu | Ki Cariksutra malih amuwus | lah anakmas punapèstu benjing-enjing | mantuk mring Wanamartèku | kang putra umatur karo ||

80. Apan inggih saèstu | lamun lujêng benjing bakda Subuh | Cariksutra nauri wacana manis | kongsiya sapêkênipun | dumugi (ng)gyansun têtêmon ||

81. Jayèngrêsmi turipun | inggih agampil pawingkingipun | manawi ta Allah marêngkên basuki | kados tan wande kapangguh | kula awangsul sumaos ||

82. Cariksutra ris muwus | lamun makatên anak puniku | yèn pinarêng panuju dhanganing ati | singgih manira tumutur | mring Wanamarta yun panggoh ||

83. Mring ramanta puniku | manira kalangkung tyas wulangun | maring kakang Kae Bayi Panurtèki | duk mampir mring kang pra tamu | andhandhang kinèn mardhayoh ||

694. Dhandhanggula

1. Jayèngrêsmi miwah Jayèngragi | langkung dènnira sukuring driya | yèn Ki Cariksutra mangke | karsa lampah tumutur | maring krajan Wanamartèki | panggih (n)Jêng Kyai Bapa | pawong mitranipun | duk maksih sami jajakan | tan nêdya sah nêdya nglanggêngakên sami | kumpul donya (ng)akerat ||

--- 12 : 44 ---

2. Pan mangkana ciptanirèng ati | Jayèngrêsmi Kae Jayèngraga | miwah sadaya tan pae | samya suka ing kalbu | lamun Kae Cariksutrèki | milya mring Wanamarta | arsa apapangguh | Ki Cariksutra ris nabda | yayi Carikmudha kantuna sirèki | sun karya wakilingwang ||

3. Angimami Jumungah ing masjid | sarta dèn-karêksa kêndhurinya | ywa muadah Jumungahe | rèhên wong dhukuh-dhukuh | kanca santri myang magêrsari | pêrdinên wêktunira | ing Jumungahipun | padha ngêgungna Jumungah | lan yèn ana kanca santri nêdya kampir | nèng kene kèh kêdhika ||

4. Lah andhêgên ywa awèh lumaris | rayatên kabèh gumatènana | ywa kongsi kurang pangane | priyên§ Prayoginipun / prihên /. parêng sakayun | narèhakên satêngah sasi | utawa ing sawulan | sokur langkungipun | dimèn ngêtêpi§ Prayoginipun / nêtêpi /. Jumungah | iya mangsa-bodhoa sirèku yayi | manawa sun yèn lama ||Baris ke-3 terlewati: ywa kabèh gumatènana (baris ini tidak perlu dibaca, karena kelabihan satu baris).

5. Carikmudha aturira aris | yèn kalamun parêng ingkang karsa | kawula kêdah andhèrèk | kaping kalihipun pangguh |Lebih satu suku kata: ping kalihipun pangguh. lawan kakang Arundayèki | mupung sami sarêngan | aywa na tan têmu | Ki Cariksutra lingira | besuk bae de lakuningong pribadi | lamun lan bok-ayunta ||

6. Si Wilapa lan santri sawiji | amung si Sêtradrêma kewala | rowangira kari rêke | iya si Sêtrarêmbun | Sêtranaya lan Sêtragati | Sêtralewo adatnya | iku ingkang kantun | padha tungguwa ing wisma | rumêksa-a ing wêktu Jumungahnèki | aywa kongsi muadah ||

7. Ingkang rumat pangrêksaninèki | wisma miwah parentahanira | ingkang liningan ature | sandika sadaya wus | pra rubiyah kang badhe kari | sadaya yun tumuta | kumêdah tan kantun | datan linilan ing raka | dadya samya ngungun tan tumut ing laki | pinupus jrih ing raka ||

--- 12 : 45 ---

8. Ingkang samya lênggah jalu èstri | asasambyan ngalap nyanyamikan | Ki Cariksutra dêlinge | anakmas sadayèku | awon kèndêl sami alinggih | wontên sabda rinasa | wawadining wuwus | kawaspadaning kasidan | ing aurip puniku amanggih pati | pati amanggih gêsang ||

9. Mulya urip amurbani pati | mulyaning pati amurwani gêsang |Lebih satu suku kata: mulyèng pati amurwani gêsang. sesa êsa wasesane | tan muksa datan mujud | tan kakalih datan satunggil | kwula tan kawasesa | Gusti tan sinuhun | pundi kang aran kawula | ingkang pundi inggih kang ingaran Gusti | rèh Gusti tansèng kwula ||

10. Kadipundi palimpinganèki | anak jêbèng Kae Mangunarsa | miwah nakmas sadayane | sadaya samya-ndhêku | Malangkarsa mèsêm lingnya ris | yayi Sèh Mangunarsa | sumangga ing ngriku | linêjar linge kang rama | Mangunarsa matur ring Cariksutrèki | mênggah wuwus punika ||

11. Sakalangkung dening rungsitnèki | liyan sujanma ingkang uwus man | pinitaya ing Hyang rêke | nugraha ingkang agung | lir Hyang Agung nugraha yêkti | kang sampun kawimbuhan | Sukma angganipun | mulya tan kênaning rusak | sabab tan na kuwasa pangangkatnèki | awrat-awratanira ||

12. Beda lan jalma ingkang sinung sih | sinisiyansinisihan. ing Hyang Maha Mulya | tan wontên èwêd awrate | singgih subrantanipun | mring Hyang Widdhi panguningnèki | tansah pangabêktinya | ing Hyang Kang Maha Gung | gagantunganing wêkasan | wêkasaning agêsang amanggih pati | matiya jroning gêsang ||

13. Gêsang ingkang amurba ing pati | pati wus kalimput ing agêsang | gêsang wus tan na patine | mulyaning pati uwus | murba amisesa ing urip | urip wus kalimputan | ing pati sawêgung | agêsang sajroning pêjah | pan wus murba misesa pati lan urip | langgêng kaananira ||

14. Kang wus sipat ênggon sun ngalami | wus tan manjangakên nusa sabda | rèhne branta wus anungge | marang Hyang Maha Agung | tan abisa angapengini | punika pratandhanya | sor luhuring [luhur...]

--- 12 : 46 ---

[...ing] tuwuh | datang kenging ginampila | kawaspadan ing kasidan rèh kadadin | babaring janma-tama ||

15. Rungsiting ngèlmi pan dede uni | dene sastra kang tumrap ing papan | kojah wirayat pan dede | tan sampun dening wuwus | datan sampun dening angaji | Kitab kalawan Kur'an | tan wus dening guru | tan rampunging patakènan | amung purna kalawan pribadinèki | kang datan patinang ka ||

16. Cariksutra sumêdhot tyasnèki | apan kaprananing nalanira | pinalimping ring kajatèn | panujwanira sukur | mring Kae Sèh Mangunarsèki | pandhita taruna trang | bijaksanèng ngèlmu | datanpa ngalêmbananya | wus mupakat ing pangawruhira sami | tan pae tangkêpira ||

17. Pangrêsing tyas pan durung (n)dungkapi | rumangsa ing kadununganira | anor sajroning driyane | alon dènnira muwus | Kae jêbèng Mangunarsèki | paran wus apatutan | lan sutangong§ Prayoginipun / sutèngong /. mantu | Sèh Mangunarsa turira | singgih sawêg Allah dèrèng amarêngi | wruh raosing akrama ||

18. Walhualam ing mangke manawi | wontên karsaning Hyang Kang Misesa | hajad dèn-ngamakên rêke | dèntên ta ingkang sampun | ing pandonganira Kiyai | dèrèng girising manah | tan kabukèng kalbu | kayun langêning wanita | saking dene kumambang karsaning Widdhi | Alah tan mangga cipta ||

19. Ngumum samya tawakup kang myarsi | Ki Cariksutra ngartikèng driya | Sèh Mangunarsa jawane | wadad ngibadahipun | awiwinih santosèng tokit | trang trus ngèlmu kapasah | kakandhanganipun | (ng)alamat basa nujibah | pan wus kawistara paprèjèngannèki | cahya trahing ngawirya ||

20. Jayèngraga wruh sandining liring | alon umatur ring Cariksutra | kawula nuwun wulange | rèhing sastra Jawèku | Kawiswara ingkang punêndi | miwah Kerata-basa | Panitisastrèku | kalawan Caraka-basa | tuwin Candrasangkala myang Candragêni | kalawan Sandisutra ||

--- 12 : 47 ---

21. Dasa-nama Krêtawirêjèki | amung wruh babasane kewala | dèrèng sumêrêp yêktine | mugi Kae sung wêruh | pangartine kang sastra Jawi | kawula salaminya | katungkuling dangu | ulah kasantrèn kewala | ukur sagêd maos waosan sakêdhik | dèrèng dungkaping prana ||

22. Cariksutra mèsêm lingira ris | kenging paribasan basukila | têkèk cihna sabawane | nênggih patanyanipun | nakmas Kae Jayèngragèki | kacupaning wacana | wicaksananipun | ring Sastradirga ngayuta | Kawikrama ulah Maha Pramakawi | tan kêna kilapêna ||

23. Jayèngraga mèsêm turirèki | pan kawula nunuwun pasaja | ngangsu toyèng jaladrine | Cariksutra gumuyu | ngèlmu kêpèk kula puniki | tan paham lamun datan | wontên sêratipun | èngête abalêjatan | sajêgipun Candrasangkalaning rêdi | pinurwa ing sarkara ||

24. Sangkalane ponang ardi-ardi | kunir awuk tanpa jalu ika |§ 1). Candrasangkala Taun Jawi (T.Jw.): 1 [sêngkalan: kunir awuk tanpa jalu]. miwah kang tulup sumendhe(?) | tuwin kang pring sadhapur(?) | lele gêna lan cèlèng mati |§ 2). T. Jw.: 9 [sêngkalan: lele gêna lan cèlèng mati]. kalawan clêngan tiba(?) | miwah jêbug awuk |§ 3). T. Jw.: 1[sêngkalan: jêbug awuk kêlèthèk tumpèr]. kêlèthèk tumpêr(?) kewala | pan wus jangkêp sasanga sasaminèki | sangkalardi punika ||

25. Maksih angka: 6(nêm) kang sirah nênggih | antaranipun nyandhak sadasa | nungswa Jawa sangkalane | Sirna Rupaning Dhuwur |§ 4). T. Jw.: 10 [sêngkalan: Sirna Rupaning Dhuwur]. Candhi Sèwu sangkalanèki | Naga Iku Angrusak | Jagad kalanipun |§ 5). T. Jw.: 1018: [sêngkalan: Naga Iku Angrusak Jagad]. candhi Kalibêning ika | Bujanggèku Anêmbah ing Bumi nênggih |§ 6). T. Jw.: 1218 [sêngkalan: Bujanggèku Anêmbah ing Bumi nênggih]. rêca Budhur babadnya ||

26. Tanpa Ngrasa Tingale Wong Singgih |§ 7). Y [ T ]. Jw.: 1360 [ = 1260, tingal = 2; sêngkalan: Tanpa Ngrasa Tingale Wong Singgih]. Masigid-watu ing Salatiga | Sirna Ilang Gunaning Wong |§ 8). T. Jw.: 1300 [sêngkalan: Sirna Ilang Gunaning Wong]. Pajajaran ing dangu | Sirna Ilang Gunaning Aji |§ 9). T. Jw.: 1300 [sêngkalan: Sirna Ilang Gunaning Aji]. adêging Majalêngka | de sangkalanipun | Watu§ Prayoginipun / Ratu /. Mungal Katon Tunggal |§ 10). T.Jw.: 1371 [ = 1271, katon = 2; sêngkalan: Watu Mungal Katon Tunggal]. duk gêmpure Sirna Ilang Karyèng§ Prayoginipun / Kartèng /. Bumi |§ 11). T.Jw.: 1400 [sêngkalan: Sirna Ilang Karyèng Bumi]. ngadêg kitha Bintara ||

--- 12 : 48 ---

27. Gêni Mati Siniram ing Jalmi |§ 12). T.Jw.: 1403 [sêngkalan: Gêni Mati Siniram ing Jalmi]. purwanipun trap agami Islam | Sultan Bintara pupule | lan pra wali linuhung | ngumumakên sarengat Nabi | supaya kèbêkana | sanungsa Jawèku | ing sarak (n)Jêng Rasullolah | sinirnakkên agama Buda kang lami | salin agama Islam ||

28. Jayèngraga gupuh matur malih | mênggah Kerata-basa punika | lawan Raja-kusumane | Cariksutra amuwus | kang Kerata-basa puniki | lawan Raja-kusuma | sami dèntênipun | mèt sêmon watêking nama | yèn mênggaha ngèlmi Arab saminèki | pan palak palakiyah ||

29. Kadi ta yèn wontên jênêng nênggih | aksara [ha]Dalam tanda kurung besar aksara ha di tulis dengan aksara Jawa (dan di tempat lain). akèh wiraganya | ingkang brêmara alênteh | kèntiringkentiring. maruta gung | watêkipun pan datan kenging | kungkulan budinira | kumudu gumunggung | datan kêna pinoyokan | lamun nêpsu tan ana kang dèn-èringi | yèn kabênbêrankabênêran. roba ||

30. Keratane aksara [na] na ngling | sang wira munggyèng tumamèng yuda | supakyasupadya. matêmpuh dene | matyèng palagan nêngguh | watêking wong pangucapnèki | ngatokkên napsunira | tan kêna sinayut | maring sasamining jalma | miwah maring payomane datan ajrih | mring kaka yayah-rena ||

31. Aksara (ca) keratanirèki | cacaturan parang tumêmpuh kat | tan kalok ing panuncange | watêking ca puniku | lamun èstri candhala wêngis | kumèdhêp ing wong lanang | amarentah kakung | rumakêt lamun sasanak | datan lana wani mring wong tuwanèki | wawatêk bangsa sudra ||

32. Lamun hê [hê-ra]Ra ditulis dengan aksara Jawa ; maksudnya : ê-ra. dipun-keratani | hê-ra rata sêmpal kaèdêgan | jagad kèntir gumuruhe | wong jênêng ra puniku | apan pintêr datanpa ririh | cupêt atine malam | lamun duwe nêpsu | pan gêlis ing lêjarira | datan pandak barang karêpe sathithik | waninira satêngah ||

33. Aksara [ka] keratanya nênggih | hê-ka kongkang munya ing pangrongan | pantaka gêlêng dadya mrèh | kamal sura

--- 12 : 49 ---

makiwul | watêking wong jênêng ka nênggih | datan ladak pangucap | atos yèn amuwus | sêmbada guru-alêman | tan têlatèn watak kau kurang budi | kêdhik pasiyanira ||

34. Yèn aksara [da] dèn-keratani | ê-da daliwara munggwèng rana | tekang turangga tumamèng | yuda surat§ Prayoginipun / sura /. tumêmpuh | sêtyèng laga watêkirèki | wong jênêng aksara da | wor mèsêm yèn muwus | budi momot tur antêpan | tan katara yèn karêp kalamun jurit | sêndhu manis wuwusnya ||

35. Aksara [ta] dipun-keratani | tatawang sêkar sumawur kentar | kadrêsan dening angine | sami ruru katawur | wor kumrisik kang wuluh gadhing | wong jênêng aksara ta | gapyak ing pamuwus | nawangkên wasising nala | nora kêna ngrungu ujar ala bêcik | canggèh wani satêngah ||

36. Keratane aksara [sa] nênggih | sasêtya lairing puji rêja | maharêpi kadhatone | ngabyantara liripun | wong jênêng aksara sa lantip | sasmita sihing karya | lêmbut budinipun | lêpas marang pangawikan | sêngsêm basa landhêp graitanirèki | sêdhêng kuwanènira ||

37. Aksara [wa] keratanirèki | wawukir malela lir sêmara§ Prayoginipun / cêmara /. | kumrusuk piyak pamore | kumarisiking wuluh | gadhing yèn wong jêjênêng mawi | aksara wa watêknya | angkuh ambêgipun | anyênyêt pangucapira | wong kawongan macan mring mitra tan asih | yèn nêpsu ngangsa-angsa ||

38. Aksara [la] dipun-keratani | apan lali ing Sukma sarira | mari karênga kêtabe | tumangkul teja kuwung | watêke wong jênêng la nênggih | alalu sihing puja | anduwèni angkuh | yèn sasanak gêng sihira | andhap asor yèn ana pangarahnèki | yèn nêpsu lir rasêksa ||

39. Aksara [pa] keratanirèki | papunggêle kang buron wanara | amangsa gugundhik rêke | wong jênêng pa puniku | pan cugêtan datan kawijil | tan lana kinantêpan | crobo budinipun | tan ênang marang sudarma | luruh ing prakara ing aprang jêjirih |

--- 12 : 50 ---

tan lulus asêsanak ||

40. Aksara [dha] kerata winarni | adhadha umpan guna lènira | syuh anguwuh ing babune | kètrêg kêdaya sing lum | lambangira watêkirèki | wong jênêng aksara dha | asusahan kalbu | asring kapêdhotan trisna | anging budinira guna tur aririh | tan duwe kasaguhan ||

41. Keratane aksara [ja] singgih | ji jiwata sang Narpati Rudra | amanas sarira rêke | taya§ Prayoginipun / toya /. amêngkul suku | mangku kuwung teja lan thathit | wong jênêng aksara ja | lêmbut budinipun | ana radane kagungan | amêm rêgu pan kumingsun sumêdêgi | tan rêna mor sasama ||

42. Aksara [ya] keratanirèki | yata yayah-rena kaèwêran | girima rah umiline | ararênguning parung | parèjèngan watêkirèki | wong jênêng aksara ya | ambêgira lêngus | yèn rècèh anggora-gadha | tan wrin maring pakewuh marma prihatin | kasangsayèng sasama ||

43. Aksara [nya] dipun-keratani | nyanyamikan panggah amingguwa | tan na kewran ing atine | katamaning margiyuh | wong jênêng nya wawatêknèki | kumawi yèn angucap | kèh pamèting wuwus | tur ta durung yèn (ng)guguwa | tita dadi papangane wong abangkit | gujih ati marassan ||

44. Aksara [ma] keratanirèki | mamayu nguyu mèk akênturan | pancaka cala makêlèng | wong jênêng ma puniku | anastapa ambêge dhiri | manggung panas-atènan | kang adoh ginayuh | tan pati nampani ujar | mung wuwuse lumaku ginati-gati | tan ayun karameyan ||

45. Keratane aksara [ga] nênggih | gagalih glan raga wèh magêlah | mangikêt magêlungrate | ing jagad raya wêgung | widadara kang widadari | padha mataya nêmbah | anggusthiyèng luhung | wong jêjênêng aksara ga | jêmbar budi ing buda nyenapatèni | mantêp lila ing srana ||

46. Aksara [ba] keratanirèki | ba binuncang ring pèrèng

--- 12 : 51 ---

rèjèngan | madalêm dinulu srine | pinapah kapara puh | ahyanèkawahyanèka. watêkirèki | wong jênêng aksara ba | agêng nêpsunipun | kadya padha kakanginan | lair amêm micara alus amanis | ambayani jatinya ||

47. Aksara [tha] keratanirèki | kang tha thathête kang mandraguna | nguwuh bèjraning kalbune | tiksna têkang tyas juwul | kêtêr krisik kang wuluh gadhing | wong jênêng aksara tha | kêthul budinipun | bodho ling-alingan bisa | tur abodho tan sumurup barang-kardi | lêson lumuh ing karya ||

48. Aksara [nga] wêkasanirèki | keratanya apan nga ngangungan | kadya camêra gêgête | makewraning atêdhuh | kumrisiking kang wuluh gadhing | wong jênêng aksara nga | gramèh tanganipun | pintêr marang gagaweyan | budi asor anggêgusti marang èstri | gêntèn olèh durcara ||

49. Jayèngraga tumungkul turnya ris | dasanamamba paduka wulang | Ki Cariksutra wuwuse | èngêt-ngong anak bagus | dasanama ukur satêmplik | anging trimah rêramban | kêdhik-kêdhik lothung | tinimbang kang botên pisan | samya suka gumuyu kang para tami | Cariksutra lingira ||

50. Dasanama kang sawiji-wiji | kang dhingin dasanamaning wulan | sasangka candra sasine | basanta rata èntung | sasaddhara kirana nênggih | sitangsu lan prabanca | dasanamanipun | sang srêngenge purbangkara§ Prayoginipun / prabangkara /. | diwangkara suwandagni arka rawi | pradangga-pati surya ||

51. Andangkara§ Prayoginipun / andakara / [Andangkara sudah benar]. karaba mahari | kalandara raditya talaha | aruna bagaspatine | lan dasanamanipun | ingkang angin sadayanèki | pawana samirana | prabancana bayu | pracalita lan tracanca§ Prayoginipun / pracandha / =prahara. | wasawaha anila sindhung maruti | gunandya bajratiksna ||

52. Yèn dasanamaning gunung nênggih | endragiri prawata ancala | swela lan wanawasane | basulingga lan mèru | myang imawan ardi lan wukir | dasanamaning mega | kang rumuhun sawub |

--- 12 : 52 ---

ima kadada imanta | imantaka akakara lan sasmiti | jalana jaladara ||

53. Himalaya gidada widagi | lan kapura lèn dasanamanya | banyu tirta tuya junèng | toban isnisi iku | we hèr toya usura warih | utaka lan malatar | luwata lan ranu | swanina lawan wulusan | yèn ta dasanamane sagara nênggih | samodra kiralaya ||

54. Jalanidhi tasik lan jaladri | myang arnawa lan pasir saboga | lèn gajah dasanamane | matêngga gatha mutu | brajamuka èsthi waniti | dirada lan samaja | liman nanggalèku | dipangga gajwaksa muka | lawan malih dasanamaning padhati | widari sang grasena ||

55. Salamuka swaninda sambiri | sirat anwin anda lan dhudhula | cithaka lan gindagundèk | wawasthi kucu kudhuk | lèn kang dasanamaning èstri | kumbamula capana | wanodya marmadu | dyah waela lan mantasa | myang carika madani arsa taruni | lan dasanamèng sêkar ||

56. Sari sidya pakaja lan malih | kang kumuda kusuma prabasa | tunjung padma wontên malèh | tulis mungguhing watu | pan rikaa yèn nèng panjalin | wolat yèn mungguh nèng mas | èndung wastanipun | yèn anèng wêsi gurita | lamun mungguh nèng salaka pandariwih | yèn mungguh nèng ron sastra ||

57. Wangsulane têkèng banyumuni | titi wêdi angrês arismana | lan malih awrat garbine | diwikartili nêngguh | kabèh ngaran amêtêng sami | wontên malih winarna | aranning awuru | tispraya darsusujana | pan wuruning dewa ratu miwah malih | arja wawanagota ||

58. Apan wuruning satriya nênggih | dene isthaka kulamardawa | wuruning mantri lan malèh | mongmongwukmo puniku | pan wuruning ditya rasêksi | yolho wuruning wandhak | wandakisuwiyu | pan wuruning jalmacèh |Guru lagu seharusnya: 8u, pan wuruning jalmacèha. lan malih kawindi wuruning èstri |Kurang satu suku kata: lawan malih kawindi wuruning èstri. mukduk wuruning macan ||

59. Ingkang madra pan wuruning sapi | dandaka wuruning atisika | anjaran wuruning banthèng | kêra wuruning wêdhus | wagratulah wuruning gênjik | kraka wuruning sura | camrak onyil basur | wuruning wanara kênas | katiraca wuruning tikus mamêki | ana sasaminira ||

--- 12 : 53 ---

60. Kang punika nakmas Jayèngragi | kathah lirnya yèn linajêngêna | sadalu tan na pêdhote | winangsulaning pungkur | bok suwawi kèndêl nyanyamik | kinèndêlan kewala | pan mubadir wutuh | ingkang liningan agêpah | samya ngalap dhaharan sasênêngnèki | Cariksutra ris nabda ||

61. Paran wus (n)dungkap ing têngah wêngi | santri matur sih kirang sakêdhap | Ki Cariksutra ngling manèh | pênêd sami won-ngangur | kakêntrungan dipun-dhulêngi | wong wadon kang angèmprak | suluk singiripun | lêlèjêming ngèlmu rasa | tinêpakurakên kalawan birai | tarêbang kêkêntrungan ||

62. Karya cagak-lèk anamur ratri | kang para tamu matur sumangga | nulya nuduh mring santrine | Sêtradrêma sirèku | lah pundhutên trêbangku aglis | nèng langgar karo pisan | si Jangkrik kêntrungku | si Nungmyang tarêbang-ingwang | lan têrbange Ki Carikmudha dèn-aglis | kêntrung trêbang si Guntang ||

63. Lan golèka kêntrung têrbang malih | kang liningan sigra nulya mangkat | santri tri ngambil trêbange | tan na dangu arawuh | katur ponang trêbangirèki | lawan kêntrung tinampan | sinêntak ginêmbrung | sinungkên ing tamunira | trêbang kêntrung pra tamu samya nampèni | sadaya mangku trêbang ||

64. Malangkarsa Sèh Mangunarsèki | Jayèngrêsmi miwah Jayèngraga | Anggungrimang Piturune | Sèh Modang Mongsariku | trêbang sanga cukup ngijènni | Cariksutra kalawan | Carikmudha wau | barung singir talu bawa | la ilaha ilalah ilalah-lahi | Mukamad Rasullolah ||

65. Tinampan ing santri jalu èstri | nganyut Sêkar-gadhung lagunira | sru asri ing suwarane | arêmpêg barung arum | agêmbrangan trêbangirèki | pong-pêg pong-pêg pong-pung brang | pêg-pêg bah gur bah gur | thung-plêg thung-plêg dhung-dhêng pung-brang | kêtongtong têk plak-plak blang-blang |Kurang empat (4) suku kata: 12i. tong-gring-pyak pyak-bêm pung-brang ||

66. Tangga desa parapatirèki | samya kagèt krungu salawatan | sru

--- 12 : 54 ---

asri gumrah swarane | sadaya èstri jalu | kang wis turu lir dèn-gugahi | padha nonton tarêbang | kiwa têngênipun | (ng)gawa obor upêt mêrang | rare cilik ting carêngèk padha nangis | ngajak nonton slawatan ||

67. (n)Dadak sakala nglatar mênuhi | wong niningal suka dhêdhêsêkan | wênèh mèlu sauranne | sangsaya sru gumuruh | wus antara babakannèki | anêsêg gagobyogan | iramanya landhung | sinalahan suwukira | nulya samya maca salawat kaping tri | bêng bêng bêng sèlèh trêbang ||

68. Cariksutra angandika aris | lah Wilapa sira andhulênga | suluk Rara-bathik bae | lagone Sêkar-gadhung | Ni Wilapa turira inggih | anulya singir bawa | Ki Cariksutrèku | gya tinampanan ing kathah | langkung ramya gumuruh trêbang lan singir | nulya Nyai Wilapa ||

69. Andhulêngi salawatan singir | dènnira ngadêg langkung rêkasa | akêmpusan ambêgane | andhulêngi gat-migut | rimong jingga bathik kumitir | prandene têpung pisan | saking agêngipun | lêmu gimblah anglêmbarah | têkèng solah-bawa nulya sindhèn ngêlik | mangkana singirira ||

70. Suluk Bathik kang pinurwèng singir | lah ta wus babo bathikên pisan | tênunan wus panêgase | ywa tinggal polanipun | lawan sira dèn-ngati-ati | kang cinacad punapa | dhasaripun alus | malamipun malam pêthak | wus dinuga lancêng sêdhêng sawatawis | kang canthing parèngrèngan ||

71. Myang panembok jêjêgulirèki | waja ginênèn kayu-tos ika | bandhulan pagawangane | padha pêpak sadarum | sapadandananing wong bathik | dhasar alus utama | tinulis jalêngut | mangkana upamanèka | yèn dhadhasar kêdhut wadhag tinul ngrêmit | kayane yêkti ilang ||

72. Datan pantês yèn tinulis bêcik | wêlantênên dikongsi kaya pa | mulih-mulih mring dhasare | yèn awon dhasaripun | babaranne nyêpêti ati | (m)bok-prawan diprayitna | aja dupèh baut | sabarang karya bisa-a | ayu rupa ayu gawe ayu ati | aja kibir jubriya ||

--- 12 : 55 ---

73. Apan iku yêkti ora bêcik | yèku dadi sisikuning lampah | nganggowa sawatarane | luwih panggarapipun | yèn tumêmên sayêkti bêcik | yèn ati salèwèngan | sanggup-sanggupipun | prayoga mangsa bêcika | sabab iku dèn-wori sukaning ati | suwe ala dadinya ||

74. Malah-malah cêpak tiwasnèki | yèn maksiya pasthi dolle tuna | tan wurung nambaknombok. dhingklike | wa-dene rupanipun | kang ambathik iya tan bêcik | sapindha yèn atuwa§ Prayoginipun / ayuwa /. | ana kang pinupu | adola dhidhis kewala | pasthi payu adol gawe lamun wêdi | bêrkate ayu rupa ||

75. Ewa samantên guguyon sirik | kang miyarsa angguguyu aywa | klèru tampa mêningane | yèn wêngi dhidhis ngèlmu | pan lirune tiwasing kardi | tinêbas ing riyalat | mumuji ing dalu | cabar tiwasing kawula | lamun tan rumangsa yèn urip sirèki | malarat tibèng karya ||

76. Sêdhênging sasi purnama sidhi | wong ayun lêkas ambathik sinjang | gawangan ngalam jêmbare | bandhul sèntêging kalbu | wawajanne sêmune kandil | malame rasa-jatya | de lalancêngipun | maningkêm pamoring rasa | canthing kalam molah loh-kalam linuwih | polanipun ingaran ||

77. Akyan-sabitah ingkang dèn-liling | kajêngipun apan kaharolah | trap gêni roh-ilapine | Nabiyolah kang kukus | kêkêrênne pan alam sahir | sawang têtêping iman | sêmpronge tyas têrus | asta kang kiwa anangga | têkadira ing lair tumêkèng batin | katon wayanganing Dat ||

78. Sadèrènge tumiba kang tulis | anèng papan pan sampun kawawang | sakalir reka-rekane | cinipta lawan ngèlmu | tan salaya lan rupa jati | lair têkèng batinnya | katèlad sadarum | tan inang mring ponang polang§ Prayoginipun / pola /. | rèngrèngane manut satitising ati | trus nitya kang sampurna ||

79. Tinemboking suka-lila sukci | anging aja angambah larangan |

--- 12 : 56 ---

apan wus ana walêre | dipun masthi anurut | ing watêse bibironèki | putiye kang ngalela | irênge kang lurus | agawe gagang-gagangan | ingkang lêmbut lan alus aywa na lilit | kang dumêling tetela ||

80. Salasarên dèn angati-ati | nulya wêdêlên ing alam arwah | dimèn angalih warnane | srêpan luamahipun | dipun-tumaninah ing ati | sumampir ing Hyang Sukma | sakarsèng Hyang Agung | andhèrèk lawan satitah | ing lakune kang manthêng wêktuning jisim | dèn-tumêkèng wêkasan ||

81. Sinêkulan wirang lawan isin | sêdhêng-sêdhêng bibirone mangkya | lamun katrapan sogane | aja kagèt ing kalbu | wus karsane Hyang Maha Lêwih | karsa marang kawula | kinarya bang-biru | pan wus jamaking kawula | swarga lan naraka gagadhanganèki | tan kêna suminggaha ||

82. Amung pira-baranipun mangkin | lamun linorod susukêrira | winèdang molak-malike | anggilani mobipun | sarèkna§ Prayoginipun / sarèhna /. sawataranèki | ywa sah prayitnanira | dèn-sukur dèn-emut | sira ngarêpkên pralaya | têkènging kasidan babaring kadadin | kanggeya ingawirya ||

83. Linêbokkên ing naraka singgih | anèng kubur (ng)gyanning patitisan | kaelokaning Hyang rêke | ingkang cêmêng karuhun | pan ing mangke dados aputih | ingkang putih waunya | dadya irêng mungguh | dumêling bibironira | aja samar ing paningal kang sajati | wêdêlane wus tuwa ||

84. Kadi gambar wawangunan rêsmi | wa-dene (m)bok-parawan utama | dèn-isis madyèng latare | kagawokan kang (n)dulu | kèh kang nganyang para minantri | pira rêgane baya | wa-dene sang ayu | sun palarangane rêga | anauri tan sun-êdol êmas picis | tukunên sabar-drana ||

85. Kalawan wangsit ingkang sajati | lan jawabên cangkriman-ingwang |Kurang satu suku kata: lan jawabên cacangkriman-ingwang. amung patang prakarane | mantri utama muwus |

--- 12 : 57 ---

ucapêna kadi-punêndi | Rasa Sukci anabda | cacangkrimanipun | wong pêjah lawan wong gêsang | kathah pundi wong Islam lawan wong kapir | myang priya lan wanodya ||

86. Wong kang ala bêcik kathah pundi | kadipundi jawabên kang nyata | mantri utama saure | jawabingsun wong ayu | yèn wong mati lawan kang urip | yêkti kathah kang pêjah | lan kang urip wau | nadyan punika uripa | lamun datan uninga lungguhing urip | tan wruh sababing pêjah ||

87. Ingkang lanang lawan kang pawèstri | kathah èstri sanajan lananga | yèn tan wruh jênêng lanange | sasat wong wadon iku | wong kang Islam lawan kang kapir | yêkti kathah kapirnya | nadyan Islam iku | tan wruh purwaning agama | yêkti aprasasat iku wong kapir |Kurang satu suku kata: yêkti aprasasat puniku wong kapir. kang bêcik lan kang ala ||

88. Yêkti kathah kang ala ting pringis | nora lanang nora wanodya-a | nadyan ayua alir Ratèh |Lebih satu suku kata: nadyan ayua lir Ratèh. yèn kèdhèkedhe. budinipun | yêkti ala tan aran bêcik | wong lanang dèn-akadya | Kumajaya bagus | yèn budine lucut nistha | yêkti ala tan ana ngaranni bêcik | marma wis kang utama ||

89. Ni Wilapa dènnya andhulêngi | langkung rêkasa pangèmprakira | saking kabotan awake | amigut ginuk-ginuk | kringêtira adrês umili | tansah dadya paguywan | lir rêmbêng dinulu | awak gimblah anglêmbarah | anging swara alit mêrit anjêlirit | tan sêmbada gêngira ||

90. Kadi suling bêning sumariwing | sêmu grathul-grathul barkat tuwa | prigêl saking lêgutane | tan ilang luwêsipun | myang tan ilang dhêdhèmêsirèki |Lebih satu suku kata: myang tan ilang dhèmêsirèki. tan ilang ngêssing swara | gêtêr krêkêlipun | tan ilang wiwilêtira | wus antara dangu dènnya bawa singir | suwuk kang salawatan ||

91. Sadaya raryyan pangaring-aring | samya ngalap nyanyamikanira | sarêng ngambil sasênênge | wedang pangananipun | wus antara rêrêmirèki | Cariksutra ris mojar | sapa kang mêdhudhuk | ganti andhulêngi ojrat | Ki Sèh Modang cadhang sasmita ningali | ngaliring mring rabinya ||

--- 12 : 58 ---

92. Ni Pêlangi ngungal-ungal liring | supaya kinèn andhulêngana | mingsêt krêp aliyan linggèh | ngowahi gêlungipun | pan katara solahirèki | miwah Kae Sèh Modang | langkung ngayun-ayun | mamèrkên rubiyahira | ing wasise èmprak andhulêngi rawi | Malangkarsa wruh cipta ||

93. Mèsêm angling mring Sèh Modang aris | yayi Sèh Modang rubiyahira | kewala ing saenggane | (m)bok-rabine tinuduh | andhulêngi ojratirèki | rêke sami krana Lah | Sèh Modang sru sukur | sumanggêm ing aturira | kados inggih kalangkung dening prayogi | rinta kinèn (n)dhulênga ||

94. Ki Cariksutra mèsêm sarya ngling | nak Sèh Modang puniku rabinta | punapa sampun sabêne | andhulêng brai ngèlmu | Ki Sèh Modang amatur aris | pan inggih sampun nêlas | ojrat singir suluk | gumuyu Ki Cariksutra | ngling lan ênggèh Bismillah ing ngriku wiwit | Ke Modang abawa-a ||

95. Nulya Ki Sèh Modang bawa singir | ngêlik tarampil dènnya narêbang | pinasang bêsus swarane | dhasare dhalang kêntrung | saurane kalimah kalih | binarungan ing kathah | santri èstri jalu | arampak swara sru raras | nuju têkèng sèlèh sauranirèki | Pêlangi nandhak bawa ||

96. Misih Sêkar-gadhung lagunèki | swara gêtas rênyah muluh rêmak | bêning lir suling sasêlèn | dènnya (n)dhulêngi baut | kadya ronggèng gambyong narimpi | amidêri kalangan | ngrimong limar wungu | sarwi ulate kinarya | amêmêndir liring maring Jayèngragi | mangkana singirira ||

97. Atêtanèn sabinne sakikil | alasira binabadan lapa | tapa dèn-gring sarirane | obongên lan pitêkur | ingilènan kalawan bêkti | enjing lêkasa karya | maesane tuduh | waluku iman lan Islam | rakitane kayu sajatining puji | mamanuke tawêkal ||

98. Sambilane kang tan ewah gingsir | sawêt cêgah tatalining cêgah | kêndhali sabar dèn-age | cacadane lumintu | bubnuntutebubuntute. têka lumaris | singkal eloking iman | tinandhingan rukun | kêjènne awasing tingal | dèn-rumangsa sapira raga lan jisim | dadi

--- 12 : 59 ---

awasing tingal ||

99. Ingingêran puji lawan dhikir | kang rinêksa tutuwuhing dosa | tinandhingan ing sarane | linawêd lawan kawruh | tinembokan manah tan gingsir | anglèr pasrah Pangeran | tinanêman ngèlmu | wiwinih lampah sarengat | lêkas tandur ing dina mêsak kang yêkti | sarya madhêp ing keblad ||keblat.

100. Wus anglilir tandure awilis | lah dandana ngabêkti Hyang Sukma | dipun gumolong ciptane | badan mulya kumênyut | kang sarengat tarekat-jati | amêmpêng prasa tunggal | dèn kêncêng ing laku | rumagak asrah ing Sukma | aywa kêna sira ewah lawan gingsir | iku jatining jalma ||

101. Ingaranan pantun ngingu takdir | duk mêrkatak ngono jati tingal | cumêthèt osik jatine | kumandêl dipun-jumbuh | mêmping kuning sêdhêng miwiti | anêbut namaning Hyang | kang murah donyèku | amulunga sih ngakerat | pan kinira kature kang sêmbah puji | tumungkul suhuling Hyang ||

102. Têkèng mangsa sêdhêng ani-yaniani-ani. | sakathahe gumulung rêkangat | dèn-angas ing sarirane | tinigas lawan rukun | tinalènan tobat sayêkti | meme mèdhêp ing tingal | pinulung dèn-alus | pinikul kalawan tapa | praptèng nêmbah asraha marang Hyang Widdhi | angrasa-a kawula ||

103. Sampun prapta pari saking sabin | wajib jakat parincining sarak | aja ko[k]-tinggal sunate | aywa batalkên laku | aja ngrasa yèn sugih pari | aja kumêt dèn-loma | yèn mungguh ing kalbu | gulungên manah sampurna | pan sakèhe kang amangan wohing dami | angêpung marang sira ||

104. Dèn-angrasa sira amongtani | aja sira tinggal panggaota | aja angrasa duduwe | aja atinggal laku | aja tinggal sêmbah lan puji | rasane rasakêna | kawruhana iku | aja tuna ing agêsang | panas pêrih rasaning wong amongtani | tau bêgja tan cidra ||

105. Dalèrèngan ulate (m)bok Plangi | ngècèr liring kabèh kawaratan | anyêndhal ati kincange | kang mulat samya rikuh | bêkah-bêkuh kèwuhan kapti | yèn wruh liringing netya | tyas tinumbuk-bêntus |

--- 12 : 60 ---

tan kuwat sawatan ulat | yèn dinulu dadya rubiyahing alim | kadho-kadho dhêmênnya ||

106. Carikmudha kadhadhung ing liring | manahira dhat-dhatan kumêsar | amêgat ati ulate | mèh-mèh lali ing patut | mring Pêlangi kêpalang dening | rubiyahing ulama | sirik ngambah dudu | tansah amatili nala | Carikmudha dhasar karêmênanèki | wong wadon galak ulat ||

107. Lawan swara kang angrêsi ati | lepya mangsane awak wus tuwa | kabêgèraning atine | pan wus wawatakipun | badan anut ênoming budi | wong karêm swara rupa | tyas korup ing ngriku | yèn tan tawêkal ing driya | datan bisa ahli tawakup ing ati | kagulan ing pepeka ||

108. Sèh Modang lan Ki Carikmudhèki | batin pundhuh tunggal pakarêpan | mring wadon kang rada sêmbèr | Ki Sèh Modang andulu | pandhulênge rabinirèki | sasolah tingkahira | wèh liring mring kakung | tan ginita liring naya | malah dadya sukane Sèh Modang mèksi | marang rubiyahira ||

109. (m)Bok Sumilir mulat (m)bok Pêlangi | dènnya andhulêng sisingirira | kaworan èyor atine | ngalêm wiraganipun | ngalêm swaranira rum manis | ngalêm parikanira | suluk tanèn mungguh | angalêm pandhulêngira | anging ewa ulate tan masajani | anocog mring kang lanang ||

110. Agaging tyas kaduga ngungkuli | mring Ni Pêlangi sagêndhingira | adu baut ngês wilête | rada ngontoring kalbu | Ni Sumilir mring Ni Pêlangi | angancam wawalêsan | marang bojonipun | dhasar sirira kaduga | mring Sèk Modang dhasar lèmèring pawèstri | gampang gèbanganira ||

111. Wus antara dènnya andhulêngi | sêsêg sauran gobyog têrbangnya | suwuk maca salawate | kaping têlu ambarung | samya raryya angaring-aring | sambèn ngalap nyamikan | papangananipun | wedang myang udud anginang | wus antara dènnira arèrèn sami | Cariksutra ris nabda ||

112. Mring tamune jêbèng sadayèki | rèh wus awal ing wanci

--- 12 : 61 ---

sêmbahyang | utami Subuh wancine | sadaya pan jumurung | mring pahèran mèt toyastuti | santri adan galikan | nulya sunat sampun | kinèn angamati sigra | ngangkat pêrlu Cariksutra angimami | kongsi sampating salat ||

113. Wusnya sasalaman nulya mijil | nèng surambi satata lênggahnya | nulya lumadi dhahare | ngancaran sèmèkipun | samya wanting tuturuh aglis | nutug dènnya dhaharan | cinarikan sampun | pra santri bukti sadaya | ingkang arsa umiring lampahirèki | Cariksutra anabda ||

114. Mring kang rayi myang garwa kang kèri | ingsun tumutur mring Wanamarta | tilik Kang Arundayane | dèn-bêcik sira kantun | aywa wèng-wèng wawêkas mami | lah wis ingsun pamitan | samya-ndum rahayu | kang rayi lan pra rubiyah | apan sami umatur sandika sarwi | majêng atur pranata ||

115. Laju nikènkinèn. sasalaman sami | maring para tamu èstri priya | sêdaya atur pamite | winangsulan sabdayu | amumuji nutkên basuki | warata gantya-gantya | pasalamanipun | Ki Cariksutra ris nabda | lah suwawi anakmas mupunga enjing | dèrèng babaring surya ||

116. Malangkarsa Sèh MangkunarsèkiMangunarsèki. | samya umatur sumanggèng karsa | kawula dhatêng andhèrèk | Cariksutra ris muwus | sapa ingkang juru pangarsi | iya si Sêtradrêma | lan Monthèl nèng ayunngayun. | Iman Sêcajatingarang | grêmanana mangsa girisa nèng margi | bangêt barkah nèng marga ||