Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

695. Girisa

1. Tandya umangkat saksana | saking ing masjid Tatrukan | pra waela anèng ngarsa | kumpul andulur mèt marga | ing pungkur kang para priya | anggarêbêg pra wanita | tumurun anut marganya | garêmêtan saput lêmah ||

2. Maksih kamamarankasamaran. marga | dadya randhat lampahira | nampat pangèmpètanira | kang wingking pundhung tutrukan | tistis lir

--- 12 : 62 ---

wrêksa katrêsan | ron alum nyênyêt sêmunya | asamun kadya sungkawa | padhukuhan Gunungsêkar ||

3. Ing kali asri sadènta | suwung kêkênyêping desa | kirna datan kamarutan | lir ngungun mring kang mahawan | swabawèng pêksi munènjing | sabawana awasita | ajêgigèr ing pagagan | ramya kang sawung karura ||

4. Mraknya nyungongMrak nyangungong. akrakakan | amudhunnya kariinan§ Prayoginipun / karainan /. | lawan kolik cacaturan | Kae guru Cariksutra | mèt paran mring ngêndi baya | pinèting dhadhayohira | paran ta lawas enggala | tuwu lir nauri ujar ||

5. Ya layak lamun lawasa | ujêr dhayohe kang mawa | Jayèngrêsmi Jayèngraga | yun mulih mring Wanamarta | samya tinutan mring mitra | samarga ingkang kampiran | pasthi tumutur ing lampah | yun pangguh lawan darmanya ||

6. (n)Jêng Kyai Bayi Panurta | akrajan ing Wanamrta |Kurang satu suku kata: akrajan ing Wanamarta. bibidho darès garèndan | lir manthuk-manthuk winartan | Yata wau kang lumampah | jalwèstri wong kalihdasa | margèng galêng pasabinan | lalamuk maksih angampak ||

7. Pêdhut nanaputi kisma | sri swaraning pêksi munya | dhècu cucuwihun manyar | baranjangan munyèng tawang | asrang kang jangkrik-bring ngungkang | barung klupakan balutak | tulakan kumriwik anrang | pêcuk cangak karêngakan ||

8. Kadya ngaruhi kang mentar | kang samya mahawèng marga | anglintangi pasabinan | patalun têgal pagagan | nganjak patugaran wana | tarataban pagrumbulan | dungkap têbuh têmyèng wana | lêngkèh gênêng palunturan ||

9. Mijil Hyang Aruna anrang | sumorot nipak kanangrat | andipaning Hyang Karaba | udayaning ron kabunan | kasunar ujwalèng surya | lir mutyara rinêmêkan | tejaning matra koswara | isningira pindha rêtna ||

--- 12 : 63 ---

10. Kathah lamun winuryana | lampahnya tumamèng wana | anètèr tumurun jurang | nut talêre margi gêsang | têrusan kang anjog marga | agêng kang kambah ing jalma | papagan jalma papasar | myang momot kang lampah dagang ||

11. Kèh pinangkaning rêmikan | wênèh papagan gilingan | Kalang-odhèg asènangan | ramya ing karênung lampah | gamêlanane wong Kalang | mung kênong kewala papat | kalawan kêndhang sajuga | tan ana malih-malihnya ||

12. Wong roro ingkang anabah | muktyaning Kalang-odhègan | jadhug-jadhuge wong Kalang | lamun wus anabuh cènang | wau ta ingkang lumampah | animpangi ing pagagan | nglastari ungkur-ungkuran | munggah tumuruning lêbak ||

13. Jujurang pèrèng parungan | parang curinya ya tiksna | tinambah wadhak-widhikan | dènnya parah ngarah-arah | rèhning tan wruh karikuhan | pra èstri rapuh rêkasa | tan têkèng onjoting lampah | dungkap sapranêman raryan ||

14. Pra ngawirya awlas mulat | mring lampahe pra rubiyah | wus kalintang ing pèrèngan | napak marga palêmparan | anusup angayam-alas | glagah pangalang-alangan | sru kabêntaring surya nrang | swanita kuswarèng keswa ||

15. Riwe ngangga lir kadusan | anêngka paonjotan |Kurang satu suku kata: anêngka mring paonjotan. ngantya yèn pangguh payoman | wrêksa gêng myang pasêndhangan | wanci nêdhêng surya nêngah | lingsir pidak sarampangan | sinampyêng ing lampahira | mangsuk pagrênganing wana ||

16. Wrêksa gung-agung sumahap | sung ngayom ing sang nrang-paran | ninitik wè turut marga | tan antara nulya manggya | pasêndhangan langap jurang | kayoman wit karasula | kadulwèng saking ing marga | nulya samya ingampiran ||

17. Tumurun kêdhik mring lêbak | cipta sukur palaling Hyang | dènyarsa samya sêmbahyang | ing wanci wus pidak tiga | praptèng (ng)gyanning kang pinaran | sêndhang kang kayoman wrêksa | ukur sêndhang pabêlikan | cêthèk tan kêna kinuman ||

--- 12 : 64 ---

18. Wus rèrèn sadayanira | parèstri lukar gendhongan | nèng tambyaning kang rasula | karapuhan dènnya lampah | samya pêtêk-pêtêk pada | Wilapa langkung mlasarsa | angêmpus unjal-ambêgan | riwenira marawayan ||

19. Sadaya wêlas tumingal | marang ing Nikèn Wilapa | Cariksutra gumuyojar | marang ing rubiyahira | katanggor Wilapa sira | lumaku ing wanawasa | munggah tumuruning lêbak | anusup ing pagrumbulan ||

20. Mendah rasane badanta | ujêr awakmu kakeyan | laku randhat dening sira | Ni Wilapa aturira | maklum paduka kewala | saking tan rikat lumampah | pintên-pintên jasat-kula | botên rêntah anèng marga ||

21. Sadaya gumuyu myarsa | Malangkarsa nambung sabda | sampun kang kadya rayinta | inggih pun êmbok Wilapa | ingkang kawratan sarira | kula punika kang priya | dadaging otot arosa | raos rêkasa ing lampah ||

22. Karumpilan anèng marga | lwir badanta kawawa-a | kawula kalangkung wêlas | tumingal mring (m)bok Wilapa | lampah têbih karepotan | luhung pun (m)bok-nom kewala | salah satunggal binêkta | Cariksutra mèsêm nabda ||

23. Alêrês andika sojar | nging kêdhik kang dadya sabab | punika êmbok andika | dèn-trêsnani mring ramanta | rêke kakang Arundaya | marma parlu ingong-gawa | tumungkul mèsêm sadaya | Ki Carik malih ngandika ||

24. Sêdhêng samya wêktu salat | kang liningan gupuh samya | angambil toyastu kadas | tan na kari sadayanya | anulya samya sêmbahyang | makmum pra waela siswa | wus antara dènnya salat | bakda paragat wêktunya ||

25. Rahab samya sasalaman | maksih aso sawatara | Ki Cariksutra ris nabda | lah iki alas grêng tuwa | alas ing ngêndi wastanya | umatur Ki Sêtradrêma | punika Siwiwangkitnya | talatah ing Jêmbulwana ||

26. Ing mênggêr ngajêng punika | Ijêmbul tatêlêngira | gawate

--- 12 : 65 ---

kabina-bina | tan kenging wong salah karya | kang katingal kapiyarsa | ing sawarni-warninira | padhanyangan pakayangan | mêgatruh ing jalan lampah ||

696. Mêgatruh

1. Wana Jêmbul inggih sampun adatipun | dhêmite sami angglidhig | anggêgonjak wong lumaku | damêl sasaraningsangsaraning. margi | kathah kang kalap kablaso ||

2. Marma mangke yèn prapta têlênging Jêmbul | sampun salah-damêl sami | prayogi kewala minggu | sampun sok ngaruh-aruhi | sabarang ingkang kadulon ||

3. Anjawi kang sampun kas jalma linuhung | manawi dhumatêng maring | ingkang apês purugipun | kasadat dening dhêdhê-mitdhêdhêmit. | kathah kang dadi jarangkong ||

4. Yèn têrkadhang sêtun lujêng-lujêngipun | kasasar sadasa hari | kèdêr ngêngêl nèng wana-gung | datan manggih-manggih margi | tan sagêd mantuk mring dhukoh ||

5. Cariksutra mèsêm aris dènnya muwus | bumi yèn wis ciri wingit | pa-angkêraning wana-gung | nora kêna ginagampil | ya bêcik padha tinuhon ||

6. Mêngko yèn wus (n)dungkap têlêng wana Jêmbul | aywa na kang salah-kardi | sadaya tumungkul bukuh | samya mituhu ing kapti | dèn-tulus lampah kemawon ||

7. Yèn wus aso suwawi samya lumaku | nulya dandan padanèki | èstri sagendhonganipun | (n)dan umangkat sadayèki | nganjat palunguran alon ||

8. Ngalor-ngetan nglintangi lêbak pupundhung | mahas ing wana-wanawana-wasa. writ | sumyaking wrêksa katiyup | ing angin asru swarèki | krosaking ron aking rigol ||

9. Sêmpaling pang garing kumrosak kasanggul | milir lir janakan bênthik | sumyur kumrosak tibèng wu | swaraning pêksi

--- 12 : 66 ---

wanadri | podhang kudhong tumalawong ||

10. Rangkok lawan kulilingan sunggilêsung | tèngkèk buta lan bibintit | bidho darès jakawuru | bahah êngkak platuk gogik | bubut manol jalak menco ||

11. Amêlingi pêksi gonggongan munya sru | Ni Pêlangi tanyèng laki | pêksi punapa puniku | asri lir kakêmpul muni | kang kumandhang tumalawong ||

12. Ki Sèh Modang amênging bibisik muwus | aja sok sira ngaruhi | paran pirasira. nora ngrungu | tan kêna asalah-kardi | mênênga bae ywa takon ||

13. Lamun ana bebeka ingkang tinêmu | nulya mênêng Ni Pêlangi | lumampah anamur-namur | mrih parêk mring Jayèngragi | minggir sarimpang sarimpong ||

14. Parêk Jayèngraga ring-iringanipun | kèh swabawaning wanadri | swarane sato karungu | bêngohing banthèng jajawi | myang singa krura sru anggro ||

15. Uwa-uwa warangutan bêdhès lutung | kidang manjangan lan kancil | myang kapyarsa swaranipun | tan ana ingkang kaèksi | sawarnining buron sato ||

16. Ni Pêlangi samana marêm tyasipun | parêke tan dèn-endhani | Plangi nut pinggir dêlangung | wontên sênggrut pinggir margi | kagyat tan wruh yèn ana wong ||

17. Sru anggêbrès aglis kumrosak malayu | ngranguk kagyat (m)bok Palangi | bilas bayas manas mênus | gupuh ngrangkul mring Jèngragi | pênêr pupu cêthik bokong ||

18. Tangan têngên anyandhak ngisor kêkêmpung | sêdyane gondhèlan jarit | mak-mêg jêbul nyêkêl guthul | nglèntroh prandene gêngnèki | sagulune kucing mukok ||

19. Jayèngraga anggronjal mêngkang kang ngrangkul | sêmada maksih ngukuhi | nulya dèn-culkên mak gandhul | rada madêdêngmbadêdêng. sathithik | Jayèngraga mèsêm mengo ||

20. Bok Pêlangi mêrèngès sarwi amuwus | e e kaliru sun iki | jawane

--- 12 : 67 ---

bagus ngong rangkul | panyanaku kyai mami | dene lèhku ngrangkul kukoh ||

21. Pan sadaya sarêng dènnira gumuyu | Jayèngraga angêdohi | Ni Pêlangi batinipun | dhasar wus panjaragnèki | pi-api anyêngguh bojo ||

22. Langkung lêga abungah dènnya kaliru | kabênêran tanganèki | anyêkêl guthul gumandhul | pangrasane Ni PalangiPêlangi. | gêng panjang salêngên aboh ||

23. Adhêg-dhêgan tarataban manahipun | tênta dudu kagètnèki | cêge dènnya nyêkêl guthul | pira pêtotongirèki | ngèlêntroh mangang ginêpok ||

24. Gêdhêg-gêdhêgGèdhèg-gèdhèg. batine kapengin wêruh | surasanirasarasanira. rinèsmi | sangsaya gêng brantanipun | marang Kae Jayèngragi | mêjên tyasira lir nglamong ||

25. Sêleyoran (m)bok Palangi lampahipun | Sèh Modang amarêpêki | mring rubiyah mlas andulu | sinêngguh duk kagyat ajrih | tan anyana yèn wirangrong ||

26. Yata wau lêstari ing lampahipinGuru lagu seharusnya: 12u, Yata wau lêstari ing lampahipun. | (n)dungkap têngahing wanadri | têtêlênging wana Jêmbul | anyênyêt tan na kumrisik | myang bawane pêksi sato ||

27. Nadyan angin tan ana samun sumrubut | dhêdhêp tan na sabawèki | [...] |Kurang satu baris: 8u. wrêksa gung ngayom ningêkbi§ Prayoginipun / ningkêbi /. | margi rêsik lir sinapon ||

28. Nulya ana papagan jalma andulur | wong kang mikul kothak ringgit | gamêlan ngangkring pinikul | kêndhang tinatap samargi | myang kêncure dèn-gêgêmbor ||

29. Plak-blang plak-blang kêncure tinabuh jar-jur | dhalange lumakyèng ngarsi | mèrèt ikêt jingga madu | nyathok ngêlangak dèn-irit | kang angundang grigah-grigoh ||

30. Panggêndère amêndèr sêmada ayu | ngêmpit kêba gendhong

--- 12 : 68 ---

kandhi | dèn-gêgawe solahipun | nèng wurine dhalangnèki | nèng marga tansah têtakon ||

31. Adoh têmên ramak êndi dhukuhipun | ing Buntas kang nanggap ringgit | dhalange nolih sumaur | ya wus parêk saking ngriki | lor kono tumuli katon ||

32. Nimpang kene bae kang glis praptanipun | yèn nimpang mau ing wuri | (n)dadak mingêr turut lungur | dalanggung runggud arumpil | kasuwèn ingêre adoh ||

33. Nulya nimpang ngalor-ngetan lampahipun | sarwi mumrungu sru angling | dimèn tinuruta laku | sayêktine dudu jalmi | pan dhêmit mrih sasaring wong ||

34. Wontên malih ing wuri narêngi laku | rènggèngronggèng. sathuyulirèki | badhut niyaga nèng pungkur | mikul gambang kêndhangnèki | rêbab kêthuk lan kênong gong ||

35. Darèngèsan wèh ulat ingkang lumaku | sarwi sindhèn angêringih | ririh swara manis arum | mêrit mêthit anjalirit | amêlat ati lir gigol ||

36. Tinabuhan cangkêm mring niyaganipun | badhute anyênyênggaki | ronggèng ngècèr adol ayu | sarwi ngincang-ngincang alis | sadalan-dalan guguyon ||

37. Kang ginonjak ing liring sadayanipun | tansah asabil jro ngati | yèn wong tan kandêl ing kalbu | pasthi kedanan kêkanthil | mring dhêmit kang mindha gambyong ||

38. Sabab uwus dèn-ati-ati ing wau | ing sagodha dèn-kawruhi | sadaya kewala minggu | anêguhakên ing budi | panggodhaning setan gonggo ||

39. Wus rinêksa dening Hyang rahayunipun | laju lampahira aris | ronggèng dhanyang amumrungu | payo padha nimpang ngriki | marang ing Buntas glis rawoh ||

40. Nulya nimpang kang mindha ronggèng lan badhut | ujare mring Buntas dèsi | lêstari datan kadulu | pra ngulama lampahnèki | akathah ingkang kadulon ||

--- 12 : 69 ---

41. Wênèh ana turangga lir jaran ucul | angobrog brag-abrag misih | myang arupa mesa lêmbu | myang kidang manjangan kancil | mêrpêki tutut lir angon ||

42. Tan dinulu panggodhanirèng lêlêmbut | yata kang samya lumaris | mèh kalintang wana Jêmbul | nuju ana kang ngapêsi | (m)bok Pêlangi kang wirangrong ||

43. Marang Jayèngraga tyasira kalangkung | kasmaranira tan sipi | marma padhanyang ing Jêmbul | akèh samya mikatoni | ana kang mawi wong wadon ||

44. Pan kagèbang mring wong lanang dahat wuyung | manah garowah ingikis | setan alasan jumrunuh | mampêlnampêl. wong gimir kagingsir | anglanjingi wong anglamong ||

45. Ni Palangi saya kagagas tyas nganyut | kacipta têlênging ati | baya-baya wong abagus | dahat trêsnane ring kami | yèn sun tiba ing jurang jro ||

46. Anulung pangeman anggèn-ngong kaparung | benjang sajroning kapatin | atuduh marga kang ayu | nèng wot siratul-mustakim | tutulung nuntun maring ngong ||

47. Pan sakala Palangi salah pandulu | pangrasane kang kaèksi | Jayèngraga arsa ngayuh | ing jangga sarwi ngèsêmi | nulya tan darana gupoh ||

48. Kanyuting tyas pangrasa mara anggapyuk | lir jorongênjorogên. tibèng siti | gumalinting kadya wuru | netya mundêlik mucicil | cangkêm malatmelat. mèlèt mèncos ||

49. Lambe ngisor mèlèt ngiwa lambe dhuwur | mèrot nêngên manggut ngalih | Ki Sèh Modang gupuh-gupuh | anulungi rabinèki | sasambate bêkah-bêkoh ||

50. Adhuh-adhuh lah piye Nikèn sirèku | daruraniradarunanira. kadyèki | dhuh yayi tan nyana tèngsun | Ki Modang sarwi anangis | anyandhak kang kantokèngkantakèng. (n)don ||

51. Dadya kandhêg sadaya ing lampahipun | angrubung mring kang tan eling | Palangi lagya kaganggu | klawan mring kang

--- 12 : 70 ---

marabumi | jalwèstri samya mlas tumon ||

52. Mring Palangi kang kasêngkalèng dalanggung | katulah dening dhadhêmit | bilai nèng saba purug | kasrakat anèng wanadri | kulawangsanira adoh ||

53. Nèng sandhape kusambi dènnira kantu | parèstri gupuh nulungi | kang nalusur salang gulu | kang dududi athi-athi | nimbok Wilapa adhokoh ||

54. Ngêndhih mring kang lanang Palangi pinangku | mring Wilapa dèn-popohi | sarwi pinêtêk cinêluk | palabohi palabohi | sarta sirah dèn-gêgelo ||

55. Ki Sèh Modang anangis tan bisa (n)dulu | lir mèlu-mèlua mati | saking gênging trêsnanipun | Ni Plangi dènnya tan eling | Ni Cênthini anggagotho ||

56. Ni Turida Rancangkapti wlas andulu | lan cipta samar pribadi | nèng satêngahing wana-gung | sira Nikèn Rarasati | alêga tyase angontor ||

57. Micarèng tyas lah sokur modar sirèku | wong mèndrès drapon mèjèsi | arêp nênêmpila iku | tan mambu bojone ngalim | tingkahe pêdhot (n)dhêrodhot ||

58. Kêna walat rasakna sariking ngèlmu | atine dipêdhot dhêmit | kêjot-kêjot nèng wana-gung | jêdhète sisan sirèki | ujêr ngrangkul bojoning wong ||

59. Ni Turida wus wruh lêlèjême sêmu | sasmita mèsêm nudingi | Rarasati namur-namur | katuju ciptaning galih | pasangkrip dènnira enyor ||

60. Rarasati bibisik dènnira matur | mring kang raka Jayèngragi | puniku kula wlas dulu | doh sanak wong tuwanèki | nèng saba paran yun layon ||

61. Bok dèn-grayang-grayang ngriku dipun sêmbur | nèk slak seda Ni Palangi | owêl warnanira ayu | kang nguyuni§ Prayoginipun / ngyungyuni /. wong sabumi |

--- 12 : 71 ---

yèn andhulêng mendrong-mendrong ||

62. Jayèngraga ririh anambungi wuwus | anyar têmên ujar iki | nora pasaja ing sêmu | sun pan ora ika-iki | ing kono iku ta êmboh ||

63. Dudu mukrim lawan dudu wajibipun | kapindhone apan uwis | bojone ngulama bagus | tan kuciwa liring ngèlmi | wus pasthi bagining jodho ||

64. Datan kêna wong angrusak pagêr-ayu | nadyan nyênyêmbura mami | anggrayang saengganipun | mangsa ngaraha punapi | kaya tan ana sisikon ||

65. Rarasati mèsêm sarwi (n)jawit§ Prayoginipun / njiwit /. pupu | klêsik-klêsik anauri | lae mendahne yanipun | sêmangsa lêkas (ng)grayangi | (ng)grayang dhadha kang lir aboh ||

66. Jayèngraga kabrongot dènnira guyu | sinamur nauri ririh | ambakna wong duwe tangguh | mêg bae gya anguyêri | anggacêg kaya wong wus wroh ||

67. Pra waela uning guthitaning wuwus | samya mèsêm tutup lathi | yata kang lagya tan emut | adangu dèn-uli-uli | Cênthini Wila wong ro ||§ Prayoginipun / Wilapa /.

68. Dèrèng wontên titike jalêre kantu | Palangi jroning tan eling | katon wong gêdhe adhuwur | amêksa-mêksa ngramuhi | sida kêna binalotong ||

69. Ing gandarwo nimbok Palangi anjêpluk | kagêghènkagêdhèn. balotongnèki | pangrasa-krasa mak blusuk | kapêntut angolang-aling | tan bisa sambat lara bot ||

70. Tan bisa bah lir wong tindhihên aturu | marêngut sarwi mundêlik | sadaya wêlas andulu | Wilapa lawan Cênthini | (m)bênêrkên lambe kang mencos ||

71. Angacêcêng amung êntute (n)dharudhut | prat-prèt that-thut thut-thit thit-thit | lan marêngut amacucu | wontên rah tambas ing tapih | ing ngandhap bênêring bokong ||

--- 12 : 72 ---

72. Samya cipta kawatir sadayanipun | tan wun sipêng (ng)gyan wanadri | Ki Malangkarsa lon matur | marang Ki Cariksutraki | dospundi karsanta rêko ||

73. Mangsa borong puniku usadanipun | de langkung kawêlas asih | Palangi nèng saba purug | Cariksutra ngrês kang galih | pangandikanira alon ||

74. Anak Mangunarsa sumangga ing ngriku | tutulung ing kawlas asih | ingkang karidhu kaganggu | kaparaging marabumi | yèn sisip padhêm sayêktos ||

75. Kang liningan Sèh Mangunarsa ta iku | kapasuk awlas ningali | nulya (n)donga Balasrèwu | Têraca Basmah lan Sabit | Sarangat Mujarad Jabo ||

76. Pan istijab sakala pandonganipun | atuntun napasirèki | Palangi sajroning kantu | nir gandarwo kang ngramuhi | lir ngimpi wontên kang katon ||

77. Mangunarsa kang kadulu jroning kalbu | sasrêngên amituturi | hèh Palangi sira iku | kêna musibating laki | lan babênduning Hyang Manon ||

78. Kasiyasat awit maksiyat budimu | anilip tyasira nisir | pêcat iman kang rahayu | tobata sira ing laki | kalulunganing asinglon ||

79. Kapindhone marang Hyang Kang Murba-wêgung | tobata naro kang aglis | dyanta ngayam-ayam kayun | anjulu ing jinajidik | mring Jayèngraga sirèko ||

80. Ngajak tingkah palanahanpalanyahan. nora patut | jalma kêna ko(k)-gorohi | pangrasamu tan na wêruh | balik kuwasaning Widdhi | wruh salire tingkah linyok ||

81. Wus mangkana dènnya srêngên lan pitutur | nulya musna tan kaèksi | (m)bok Pêlangi kang akantu | nulya mulya angalilir | tangi mudhun saking pangkon ||

82. Ni Wilapa kabêbêsan rah king njung |§ Prayoginipun / pinjung /. Kae Sèh Modang agipih |

--- 12 : 73 ---

angrangkul mring rabinipun | ngling paran sira wus eling | nauri wus mulya ingong ||

83. Cariksutra tanya mring kang mêntas kantu | (m)bok adhi paran sirèki | wus dhangan laranirèku | kasambêt anèng ing margi | kalawan apa kang katon ||

84. Jroning kantu manawa ana kadulu | Sèh Modang aris nauri | lah yayi sira dinangu | kang kèksi sajroning lali | matura ingkang sayêktos ||

85. Ni Palangi umatur sarwi rawat luh | inggih kawula (n)Jêng Kyai | kang kadulu jroning kalbu | saking gêng duraka mami | babênduning Hyang Lwih awon ||

86. Langkung sangêt inggih botên pantêsipun | mimirang lamun kawijil | Sèh Modang ngling rabinipun | yayi aywa wadi-wadi | lah pasaja-a kemawon ||

87. Ngarah apa sakaton-katone kantu | Ni Palangi matur aris | yaktosipun kang kadulu | wontên tiyang gêng ainggil | mêksa ngramuhi maring ngong ||

88. Tan kawawa kawula sangsayèng lulut | sèwu sasakit nampêki | nulya kawula tan emut | yatamba nuntên lir ngimpi | wontên malih ingkang katon ||

89. Dede dhêmit gandarwo kang katon wau | sirna tan kadulu malih | myat sang Sèh Mangunarsèku | angandika mituturi | duduka sangêt maring ngong ||

90. Kinèn tobat kawula mring Hyang Maha Gung | lan kinèn tobat mring laki | sawusipun dènnya bêndu | nuntên kawula ngalilir | wus èngêt mulya ragèngong ||

91. Kang miyarsa sadaya samya angungun | gêgêtun lir wong kapatin | Rarasati ngling ing kalbu | abamu wong sundêl anjing | diblêgo maring gardarwo ||

92. Cariksutra aris dènnira amuwus | lah Sêtradrêma kang êndi | marga sisimpanganipun | kang marang ing Buntas-ardi | Ki sêtradrêmaSêtradrêma. turnya lon ||

--- 12 : 74 ---

93. Inggih mangke kêdhik ing ngajêng puniku | lungur pajatèn kang garing | margi kang nyidhat martêlu | kang ngetan maring Kadhiri | mring Wintênsowan kang ngalor ||

94. Ingkang ngilèn marang Buntas lajêngipun | marga dhatêng Sokawati | mangkya yèn wus langkung Jêmbul | sadungkapan nuntên panggih | marginipun kang mangulon ||

95. Lah ta payo umangkat sasêlotipun | suwawi nakmas lumaris | nyrêmpêng sawataranipun | maklum mring kang maksih sakit | saduginipun linakon ||

96. Sadaya turira sumangga ing kayun | saksana mangkat lumaris | tan kapapag jalma laku | kalintang kang wana wingit | praptèng marga kang mratêlon ||

97. Nulya laju nimpang ngalor nut lulungur | ingiring§ Prayoginipun / pinggiring /. jurang kapering | marga karakal asiluk | sungil tawing jurang trêbis | nètèr gênêng nut tutunon ||

98. Palataran patugaran wana sêpuh | bêbangkaning alas nipis | munggah tumurun atrêjung | tatas pagrênganirèki | taratab gêrumbul bondhot ||

99. Palêbakan jurang pabêlikan ranu | sri kayoman ing sulastri | samyarsa raryyan ing ngriku | mangguh (ng)gyan kumlasa rêsik | wanci wus pidak sapuloh ||

100. Samya arsa wêktu salat Ngasaripun | nulya ngambil toyastuti | samana kakirên wêktu | wus bakda dènnya ngabêkti | rahab salaman aroyom ||

101. Tan umangkat tumuli ngantya kang ewuh | wus bakda Ki Modang gipih | ngrumati rabinirèku | kang lagya amasuh tapih | klêprèh dening rah (n)dêrodos ||

102. Ki Sèh Modang bisik-bisik wuwusipun | priya ta duwèkirèki | apa katiwasan iku | kang bubrah punapinèki | kang jaba apa ta kang jro ||

--- 12 : 75 ---

103. Ni Palangi lara-lara mèsêm muwus | tan bubrah-bubrah sih bêcik | pangrasa kewala kalbu | lêbur rusak ting bêsasik | panyana-kula wurung wong ||

104. Botên ewah maksih kados sabênipun | dene rah-kula puniki | dhasar rah kèl garapsantun | sakitipun awak-mami | sakit dèn-li-uli rapoh ||

105. Ki Sèh Modang manthuk-manthuk sarwi muwus | sokur Alkamdulilahi | dhuh ya Allah sira masku | duke maksih waras wiris | dhuh wong anom mênos-mênos ||

106. Sarwi angudhari sabukipun wulung | sinêbit rong kacu nuli | sinungkên rubiyahipun | tinampan kinarya pipih | ampingan ingkang alêgok ||

107. Ki Sèh Modang dhokoh mring rubiyahipun | anggêpuk padhas kang aking | lininting liruning awu | tinrap pangawênging kêndhit | gumuyu de misih wutoh ||

108. Nulya tinapiyan bêngkungan sampun |Kurang satu suku kata: Nulya tinapiyan bêbêngkungan sampun. Sèh Malangkarsa mèsêm ngling | layak yèn Ki Modang wiku | dèn-trêsnana ing rabi |Kurang satu suku kata: dèn-trêsnanana ing rabi. lamun kawarisan wayoh ||

109. Ki Sèh Amongsari gumuyu umatur | yèn yayi Sèh Modang inggih | trêsna ing bojo kalangkung | puniku wau sun-dugi | sabukipun dèn-kêkêthok ||

110. Panyêbite dipun-kacu ngêrong kacu | kirang priksa lajêngnèki | anèng lêgogan kadulu | kang myarsa gumuyu sami | Mongsari dènnya miraos ||

111. Nulya Ki Sèh Modang lawan garwanipun | praptèng (ng)gyan sarêng-alinggih | samya mèsêm sêmunipun | Ki Mongsari angguyoni | tan jamake duwe bojo ||

112. Lir mintuna lan mimi tansah ruruntung | Ki Modang sihirèng rabi | kaya kêndhêla lan pulut | tan kêna bênggang satugi | alèngkèt lir gula lodong ||

113. Pasabuke baya yayi Modang iku | wong dadi gamêl gumati | angêndhalèni trap apus | ngabah-abahi pribadi | ngambêni dhewe

--- 12 : 76 ---

gumatos ||

114. Wusing kinambilan turangga tinuntun | gamêl ngiras anêgari | Kae Sèh Modang anjumbul | sangsaya ginuyu sami | mulat marang kang pinoyok ||

115. Ki Sèh Modang mèsêm anauri wuwus | lo raka (ng)gêpok wawadi | iku kapanane-wêruh | Ki Amongsari nauri | mung sun-duduga kemawon ||

116. Ngling hêm dene duduga lir blènyè wêruh | (ng)gih kakang dospundi malih | rayat nandhang kawlas-ayun | anèng paran tanpa kanthi | yèn tan bojone katêmpoh ||

117. Ki Mongsari nauri (ng)gih inggih sampun | alêrês têmên pun adhi | manira pan namung sukur | sadangunya rèrèn sami | Ki Modang dadya guguyon ||

118. Kae Cariksutra lon andikanipun | suwawi mangkat lumaris | manawi tanggêl tan tutug | ragi sinêrang sakêdhik | daluwa Mahrib kemawon ||

119. Kang liningan pan sumangga aturipun | (n)dan samya mangkat lumaris | nètèr palungguranipun | grumbul babangkan wanadri | tinugar tilas tutunon ||

120. Ana rêmpêng anusup galagah rayung | pakêtêpan wana nipis | anjor kewala lumaku | nampak ara-ara iring | katon dhukuhe sih adoh ||

121. Pamênggêraning wukir Buntas kadulu | têgal pagagan palêstrin | asêpa talunanipun | grumbule dhusun awêrit | ronning kamal lir sisinom ||

697. Sinom

1. Ing wanci surya pancala | prabane karaba misih | kang ngatonni wawayangan | suluhing surya muryani | sahyèng kang arsa prapti | mring Buntas amara-tamu | sênênnira asunar | ring radityarsa ngayomi | mungal tejaning ngulama angusuma ||

--- 12 : 77 ---

2. Kang mapan ing pasabinan | tulus kang sarwa winiji | gadhu myang tadhahan gaga | patêgalanira asri | patalunan palêstrin | sangkêp kang sarwa tinandur | pala-pêndhêm kasimpar | pala gumantung ngêmohi | samya pinagêran wuluh sarisigan ||

3. Tinurut toya tirihan | kumriwik toyanya wêning | marga arêsik arata | suka kang samya lumaris | kascaryan aningali | kang têgal pagaganipun | kara kacipir kacang | sêmangka timun kêrsi |Kurang satu suku kata: sêmangka timun kêrai. sêdhêng mangsa ngêmohi langkung andadya ||

4. Wiyar pasabinanira | pawukiran loh jinawi | wus parêk kang pinaranan | lêga tyasira umèksi | dhukuh Parapat dèsi | ing sakiwa-têngênipun | jalma myang rare gumyah | samya gusah-gusah pêksi | anggêgêtak gonjèng sasawining sawah ||

5. Sêdhêng suruping Hyang Arka | jalma kang samya sasabin | kukut mulih sowang-sowang | kang samya mêntas makardi | kang mêntas ngungundhuhi | kang mikul garu waluku | nuju wontên santrinya | kakalih mêntas adhangir | saking patalunan ngumbah paculira ||

6. Santri Putih santri Bêlang | samya mikul pacul mulih | kapagutan kang lalampah | Ki Sêtradrêma umèksi | gupuh dènnya ngaruhi | lo jêgge si adhi iku | santri Putih pa iya | lan Ki santri Bêlang iki | kang ngaruhan samya kagyat saurira ||

7. E dene iku kang Drêma | punapi lampah pribadi | punapi wontên tinuta | wuri dhatênge mariki | sêtradrêma nauri | Cariksutrarsa martamu | marang kiyai-ndika | ing Buntas Ki Arsèngbudi | tinutakên ing putra para ngulama ||

8. Dadya kandhêg lampahira | Ki Cariksutra nambungi | lah ênggèh rika matura | kyai-ndika Arsèngbudi | yèn manira kang prapti | parlu ngong arsa papangguh | rèh wanci katanggungan | ing waktu parluning Mahrib | mangkya bakda Ngisa kewala matura ||

9. Manirarsa angupaya | (ng)gon salat ingkang asukci | santri Putih aturira | mangke kawula-aturi | papan ingkang prayogi | lèpèn ing ngajêng puniku | papanta pasalatan | -nipun Kae Arsèngbudi | anèng pinggir lèpèn sela pinalatar ||

--- 12 : 78 ---

10. Lèpèn alit nikung marga | kayoman rêjasa-sari | jajambaning Buntas desa | pangangson padusannèki | Cariksutra nauri | lah ênggèh payo dèn gupuh | têkèng ing pasalatan | wêktu yèn kasêlak akir | nulya samya lumampah agêgancangan ||

11. Tan adangu nulya prapta | kali sawêngkoning ardi | raryyan ing sela malatar | Cariksutra angling aris | maring ki santri Putih | manira raryyan awêktu | rika laju matura | ring kakang Ki Arsèngbudi | ngong êntèni nèng kene bakdaning Ngisa ||

12. Ki santri Putih turira | inggih kawula tur-pèksi | nulya munggah maring Bustam | gupuh kang samya tur bêkti | samya mèt toyastuti | laju kewala amarlu | Mahrib tan mawi sunat | Sèh Mangunarsa ngimami | bakda Mahrib wabin têkèng bakda Ngisa ||

13. Wus samya asêsalaman | yata kang anèng wismèki | Ki Arsèngbudi wus bakda | Ngisa saking Mahribnèki | laju kewala maring | wismanira tata lungguh | kalawan rabinira | sarta sabate kakalih | santri Dhawuk santri Bêlang anèng ngarsa ||

14. Wiyadi matur ring raka | yèn parêng ngong saos bukti | Arsèngbudi lon lingira | mêngko wêngèn-wêngèn thithik | lan rada sun-kêpengin | age tawon lan bêtutu | kalawan liwêt tambra | sambêl rajangan kacipir | kêmbang pêlêm kang pêpak lalabanira ||

15. Sangsaya akèh kèlingan | sêlot wuwuh ngong-karêpi | lawuhan myang nyanyamikan | sêgêran lan manis-manis | myang jangan kang nyêgêri | Ni Wiyadi ngling gumuyu | nora têka nglêngkara | sintên rewange abukti | dalu-dalu têka mundhut rowan-rowan ||

16. Arsèngbudi mèsêm nabda | rêke kewala kapengin | gumantung arsa mamangan | tambuh wawane tyas-mami | gajêg arsa abukti | lawan wong akèh akêmbul | Ni Wiyadi turira | kewala ing benjing-enjing | ngong cal-ucal lawuh lawan nyanyamikan ||

17. Eca dènnya sosojaran | kae santri Putih prapti | ing ngayunan aturira | kawula ngaturi uning | mangke wontên tatami | rinta ki Cariksutrèku | ing Gunungsari sarta | akathah ingkang umiring |

--- 12 : 79 ---

jalu èstri kados wontên kalihdasa ||

18. Sêmune sami ngulama | kêdhik santri kang pangiring | akathah ngawiryanira | maksih nèng têpining kali | amba kinèn tur uning | rinta ngantya bakda wêktu | Mahrib prapta ing Ngisa | nèng lèpèn (ng)gyannipun nganti | Arsèngbudi mèsêm aris angandika ||

19. Tan bodho osiking driya | sun arsa kêmbulan bukti | lawan sanak-sanak kathah | kadya ana kang sun-anti | angling marang ing rabi | lah wus marata dèn gupuh | sidakêna bêbêthak | lah-olah kang sarwa pèni | kang prayoga (ng)gyanta atata sugata ||

20. Santri Dhawuk santri Pancal | santri Bêlang santri Putih | gêgêlara ring pandhapa | rêsikana di-miranti | lampit kalasa suci | yèn wis milua nyaimu | babêthak olah-olah | ngundanga wong jalu èstri | kang liningan santri sakawan agêpah ||

21. Anggêgêlari pandhapa | pinandaman kanan kering | Ki Arsèngbudi ris nabda | payo sira santri Putih | padha-a mêthuk tami | manira nganti nèng pintu | pasangana didiyan | agupuh ingkang sinung ling | sigra mapag marang kang para dhatêngan ||

22. Ingantu lan satrinirasantrinira. | anèng ing kori sirèki | santri Putih kang dinuta | ngaturi kang para tami | kang tinuduh nulya glis | sarwi (m)bêkta oboripun | tan dangu nulya prapta | ing pinggir kali Ki Putih | matur lah suwawi andika ngaturan ||

23. Ingantya nèng paregolan | ing rakanta Arsèngbudi | agupuh Ki Cariksutra | sarya ngling anak suwawi | ngaturan laju sami | nulya kerit lampahipun | nganjat têkèng ing Bustam | (n)dungkap padhadhahanèki | malbèng dhukuh praptèng padhadhahanira ||

24. Arsèngbudi uluk-salam | sadaya samya nauri | wa-ngalaekum salam |Kurang satu suku kata: wa-ngalaekumu salam. ngancaran laju wis kerit | anèng pandhapanèki | wus samakta glaranipun | samya tata alênggah | kang pra tamu agipih |Kurang satu suku kata: kang para tamu agipih. majêng gantya-gantya samya sasalaman ||

25. Miwah kang para waela | samya tur salam ngabêkti | binagyan

--- 12 : 80 ---

basukinira | sadaya matur nuwun sih | Cariksutra ngling aris | marma kawula papangguh | lawan paduka kakang | lampah kawula puniki | nganutakên ing lampahipun putranta ||

26. Jayèngrêsmi Jayèngraga | putranipun Kyai Bayi | Panurta ing Wanamarta | nèng Wanantaka amupit | sampun antara lami | ing mangkya arsa umantuk | maring ing Wanamarta | punika putranta maksih | Ki Sèh Mangunarsa lan Sèh Anggungrimang ||

27. Kang (n)darbèni Wanantaka | pan kadangipun taruni | mring sang Sèh Di Amongraga | Tambangraras swaminèki | kang samya dèn-ulati | ing Kae Bayi rumuhun | pan wus samya kapanggya | nging Tambangraras Mongragi | dènnya pangguh anèng têlênging kanêngan ||

28. Jalma wus ahli nujêmba | ngulama bangsa Itadi§ Prayoginipun / Utadi /. | tan cawuh cawêrah jalma | pramilanipun puniki | kadangipun pra sami | tumutur kang samya mantuk | kawula ka-ampiran | mring pra putranta saratri | pan panuju kajat kawula yun panggya ||

29. Lan kakang Kae Rundaya | singgih Bayi Panurtèki | kawula mring Wanamarta | sumêdya kampir mariki | kadalon anèng margi | marmanya kawula parlu | nunukêri jarambah | ing dalêm saratri mangkin | Arsèngbudi gumuyu nauri sabda ||

30. Dene kaya wong kadohan | nênêmbung anunukêri | bagi wus karsaning Sukma | yayi lakune mariki | kabênêran sayêkti | suka pirênaning kalbu | de yayi wèh uninga | mring ngong yèn putranirèki | Jayèngrêsmi Jayèngraga kang susuta ||

31. Kakang Kae Arundaya | singgih Bayi Panurtèki | loro wus sami diwasa | bagus aparamèng ngèlmi | duk lampahe ngulati | marang para putranipun | kang samya alêlana | dinuga tan bisa mulih | nuju kampir mariki kang Arundaya ||

32. Ngungun manira kalintang | duk maksih jajaka cilik | mitra wus saekapraya | tan rasa rinasèng kapti | cipta sayayah-bibi | lami tan pangguh pinangguh | saratri rarakêtan | pajar kalamun

--- 12 : 81 ---

ngulati | putranira jalu èstri andon paran ||

33. Jawane punika ingkang | dèn-upaya andêrpati | bot-bote wong susuta |Kurang satu suku kata: bot-bote wong asusuta. sudarma kalih ngulati | ngayam-ayam wanadri | tan etang durgamèng laku | layak yèn gêng sihira | mring putra asigid-sigid | lah punika warnine bapa andika ||

34. Anakmas kalihe samya | ywa taha panganggêpnèki | wong atuwa mring pun bapa | nging bodho tan anyêkapi | paribasan wong angling | wong tuwa kakeyan taun | kurang bisa wèh warah | mring anak putu kang ahli | ingkang putra samya noring palungguhan ||

35. Miwah samudayanira | tumungkul dènnira linggih | Arsèngbudi malih nabda | nuduh mring santrinirèki | lah undangên dèn-aglis | nyaimu nêmoni tamu | kang liningan agêpah | nimbali Nikèn Wiyadi | tan adangu rubiyah prapta ing ngarsa ||

36. Arsèngbudi ngling mring garwa | sasalamana sirèki | mring sadaya putranira | samya para ngulama di | roro iku kang siwi | kakanta Arundayèku | Jayèngrêsmi kang tuwa | kang anom Ki Jayèngragi | Ni Wiyadi liningan dhatêng kang raka ||

37. Gupuh dènnira sung salam | gupuh ingkang para tami | angrahabi sasalaman | gantya-gantya jalu èstri | sarwi binagyan sami | sadaya turira nuwun | mangsuli karaharjan | Wiyadi mulat tatami | angrês-angrês dènnira nora susuta ||

38. Kumêmbêng angêmu waspa | sinamun mucang sêngadi | Arsèngbudi wruhing cipta | cêloring naya mèsêm ling | marang ingkang pra tami | singgih bibinta puniku | yèn wruh para pulunan | ngondhok-ondhok tyasirèki | saking dening tan wruh rasaning susuta ||

39. Panggih jaka lawan rara | baginipun wus pinasthi | tan sinung tuwuh susuta | wikan bibinta lan mami | kang datan anuwuhi | manira salaminipun | tan kabuka ing driya | ayun liyaning pawèstri | amung bibinta satungalsatunggal. thil kewala ||

40. Ingkang samya sinambrama | tumungkul ngunguning kapti | sami milya anglong naya | Ki Arsèngbudi ngling malih | lah

--- 12 : 82 ---

rubiyah paran wis | mau (ng)gyannira ngungukus | kalamun wus samakta | saha saanane nuli | saosêna ing ngarsa sugatanira ||

41. Ni Wiyadi sigra mentar | marang ing wisma anuding | paran wus pangruktinira | rampadan payo dèn aglis | ingkang liningan gipih | angangkat dhudhulangipun | tinup saji karangan | tinampa ing jalu èstri | apan patang dhulang rampadan amuncar ||

42. Kang sêkul tumpêng mêgana | liwêt tambra sêkul gurih | sangkêp lalawuhanira | age tawon basngèk pitik | abon lan dhèndhèng-ragi | dhèndhèng êmpuk (m)pal-wak duduh | bêtutu pèsan tambra | sujènan tambal akinyih | babat-galêng ati limpa lan sêrêgan ||

43. Kadhêle tempe srundèngan | lombok kêncêng lawan pêtis | gadhon rêmpah yêm manjangan | gorèngan êmpal lan gangsir | barongkos lawan masin | krupuk miwah sambêl balur | jangan ladha lan pindhang | pêcêl-pitik jangan mênir | lan lalaban sangkêp tan ana kuciwa ||

44. Wus dènnya tata rampadan | Ki Arsèngbudi ngling aris | sumangga sami wijikan | kewala sawontênèki | anèng ing wana wukir | bibinta kang kusung-kusung | akarya lalawuhan | krana Lah kewala sami | nadhah kêmbul pikantuk lawan wong kathah ||

45. Ingkang liningan agêpah | sarêng dènnira wawanting | (n)dan lêkas kêmbul anadhah | jalwèstri ambêng pribadi | pikantuk dènnya bukti | dhasar mêntas alêlaku | tan taha ingkang drêmba | akokoh jangan sumalin | Mangunarsa Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

46. Tan pati pikantuk nadhah | lantih tan nutugi bukti | myang Turida Rarassatya | cicik angèmpêri laki | Wiyadi ngancarani | (m)bok sumangga kang pikantuk | kang putra ro aturnya | kawula tan nyipta singgih | Ni Wiyadi ngrahabi para rubiyah ||

47. Puniku yayi Wilapa | dulune tan pati bukti | Cariksutra nambung sabda | bokayu rinta puniki | pun Wilapa yèn bukti | tan kenging têbih lan banyu | awakipun grahuyang | mangsa nêlasna sabithi | malah palêkikên dènnya ngêlêt upa ||

48. Puniku yèn wontên wisma | tan têbih kalêmuknèki | puluke

--- 12 : 83 ---

dèn-gontor toya | sapulukan nginum warih | Wilapa mèsêm angling | mendahipun gutuk puluk | dhasar sagêd paguywan | supaya ginuyu sami | Arsèngbudi ngling pundhutên gênuk-ingwong ||Guru lagu seharusnya: 12a, Arsèngbudi ngling pundhutên gênuk-ingwang.

49. Sandhingna kono ywa têbah | lamun kasêrêtên bukti | manira yèn katêmpuhan | mangsa olèha ngulati | wong sêmono gêngnèki | madhani wong pitu wolu | ginuyu ing ngakathah | klêmuk sinandhingkên nuli | Arsèngbudi mèsêm sarwi angandika ||

50. Bok-ipe ywa walangdriya | cipta wangwang isin-isin | karana Lah ngarah apa | wong wus padha mungkul ngèlmi | paranta ingkang dadi | ing kanikmatanirèku | ywa (m)bok-adhi anyêgah | wus ganjaranta pribadi | kang anutug mrih manpangat angganira ||

51. Wilapa wus tan riringa | linadèn sakayun bukti | akokoh lawuh caruban | sapanjang ngurab-urabi | lawuhan sawarnining | dadi sapanjang cinarub | pakolèh dènnya nadhah | rong pulukan ngombe canthing | bluwag-bluwêg tangane nora sumimpang ||

52. Wus rampung nèng kokohira | anutug dènnira bukti | sadaya gawok tumingal | sinamun nadhah ngingiwit | Wilapa dènnya bukti | andêmênakkên dinulu | samya micarèng nala | angêpenginakên ati | wong amangan drêmba dulune a-enak ||

53. Wus antara dangunira | luwaran kang samya bukti | ambêng nulya cinarikan | sinungkên santri pêmburi | warata jalu èstri | sadayanya sami tuwuk | gumantya kang sugata | punang dhadharan mangarsi | sangkêp salir wowohan lan lah-olahan ||

54. Arsèngbudi ris wacana | sumangga punika sami | adhahar kang nyanyamikan | pamangsêg pangusap amis | ingkang liningan aglis | angalap sasênêngipun | wedang lawan dhaharan | Arsèngbudi wacana ris | yayi Cariksutra won kèndêl rarasan ||

55. Pisapating§ Prayoginipun / Pilsapating /. ngèlmi rasa | rinasa ujar kang ririh | mungguh

--- 12 : 84 ---

kanyatahaning Dat | kang têtêp sajatinèki | kawula lawan Gusti | ciptaning wong kang linuhung | dènnya pala buntalabantala = bait 61. | sagala sèsine iki | êndi ingkang dudu Allah kabèh Allah ||

56. Kawulane tan kuningan | tan kasatmatèng pangèksi | lumuh nèng dalêm Dattolah | yèku sagara mulya di | kathah upaminèki | pan tumêka tanpa tuduh | myang tulis tanpa papan | rêke papan tanpa tulis | papan anèng sajroning tulis punika ||

57. Lan tunjung tanpa talaga | têlaga nèng jroning sari | ing sêmu amor lan solah | solah tan wênang kawijil | kita tan andarbèni | tan ana dasih kang luhung | lah yayi Cariksutra | punika kadi-punêndi | liring sabda samya rinasa jatinya ||

58. Ki Cariksutra anabda | lah anak Malangkarsèki | miwah ing ngriku sadaya | sami rinaos ing ngèlmi | pambukaning ngarêmpit | kang konon samya tumungkul | Arsèngbudi wacana | Ke jêbèng Mangunarsèki | linirakên mungguh kajatèanira ||

59. Sèh Mangunarsa lingira | sawênyahipun Hyang Widdhi | aib sênêting kawula | sujalma kang wus linuwih | sakèh sawiji-wiji | wujuding Allah satuhu | kang kèksi samadaya | kenging ginêpok rinukti | kaananing Hyang masthi wujud balaka ||

60. Dene kang napi lan isbat | isbat ananing Hyang Widdhi | marma sakaliring sipat | sadayanipun puniki | inganggêp Allah yêkti | sabab Dat wajibul-wujud | pinasthi ananira | singgih kang sawiji-wiji | de kang napi-nipun sagala punika ||

61. Angandika tanpa lesan | amiyarsa tanpa kuping | aningali tanpa netra | ngambu tanpa grananèki | akarsa tanpa budi | tur langgêng salaminipun | dènnya pala bantala | sèsining sagara wukir | tan kêna sat wukir datan kêna rata ||

62. Sagara tan kêna sirna | wa-kayatu bil karo kin | urip tan kalawan wa |Kurang satu suku kata: urip tan kalawan nyawa. karya rip kayun birokin | kang urip lan nyawèki | ingkang kapanjingan wêruh | manungsa sato kewan | gêgrêmêtan walang pêksi | sakèh jirim saki§ Prayoginipun / saking /. mukin dadinira ||

--- 12 : 85 ---

63. Kang murba amisesa |Kurang satu suku kata: Kang amurba amisesa. marang ing kita puniki | saking ing ngriku sadaya | sababing kawula wingit | kang dipun-pralambèni | wrangka manjing curigèku | kita puniki murba | -misesa maring Hyang Widdhi | pratandhanya asung tandha ing Pangeran ||

64. Ingarani ingaranya | donya kirna budanèki | sèsining bantala kasa | tan liyan saking kitèki | apan kang amburhani | mring kang maujud sawêgung | marma sêmbah-sinêmbah | lawan pribadinirèki | singgih puji-pinuji ing dhawakira ||

65. Makatên malih upama | dhadhalang akarya ringgit | carma cinorèk Arjuna | walulange gudèl gudhig | tinêtês sri rinujit | ririntik gêmpuranipun | ing ngapti§ Prayoginipun / ingapti /. panggaweyan | wus dinêling pinalimping | sasawining bodrèn katha wawalêran ||

66. Pakolih pantês wandanya | sari sêdhêng rimbagnèki | pangadêge amardapa | mèglèh lalambunganèki | gêlung janthara mêthit | darèh pawingkinganipun | gumantung nglunging jangga | liyêping netra alindri | dèrèng pulas bagusipun wus kawangwang ||

67. Pinulas prada adènan | binabar dadosing ringgit | apik susungginganira | kalangkung dening rêspati | ing sigit cinampurit | Rêjuna tuhu binagus | wingit pasêmonira | lir bisa mèsêm pribadi | apan saking dening sarwa kabênêran ||

68. Mangka Ki Dhalang mangeran | mring gaweaning pribadi | ririh lir wêdi-wêdiya | dènnira anyêpêng ringgit | apan pinêtri-pêtri | dèn-suhun pinuthun-uthuninuthun-uthun. | kang supadi angkêra | wingita amrabawani | dadya kae dhalang nut wahyaning wayang ||

69. Makatên malih Hyang Sukma | anon ing kita puniki | tan pae dhalang mring wayang | Rêjunane kang pinusthi | sujanma kang linuwih | kang wus man maring Hyang Agung | wruh kabagusanira | kang uning uriping pati | kang makatên papan nèng jroning gurita ||

70. Arêmpit yèn winastara | ananging punika maksih | apan kirang

--- 12 : 86 ---

sadungkapan | kasampurnaning kajatin | tyas kang dèrèng maklumi | katarucut salang sêngguk | mangeran kang sawiyah | -wiyah baranging sakalir | apan samar mangeran sawiji rupa ||

71. Kang kengang uga mangeran | marang sagala puniki | rêke kabèhe kewala | sanalika aywa kari | pangandêlipun maring | ananing jagad sawêgung | tan mimilih ing rupa | anakdirakên sawiji | tanpa sirna tanpa rupa tanpa swara ||

72. Lir ngarah pupusing jala | tampange datan sarênti | tinarik tapakuring tyas | bêrsih tan wontên kang kèri | lamun datan kadyèki | nganggêp ing brahala kupur | sor-soring kawruh kasar | nicir ciring maring pidhir | tangèh dungkapipun maring kauwusan ||

73. Arsèngbudi duk miyarsa | lingnya Sèh Mangunarsèki | tyasnya kadya pinalêkah | cipta kasoran ing ngèlmi | wasana angling aris | jêbèng Sèh Mangunarsèku | aywa tanggêl wasisan | unggahing rasaning ngèlmi | Ki Sèh Mangunarsa alon aturira ||

74. Panganggêp ingkang mutamat | ing ngèlmi patang prakawis | ing sarengat lan tarekat | kakekat makripatnèki | mungguh Dading Hyang Widdhi | apan pasthi ananipun | rêke tanpa tuduhan | antawis tarèng pangèsthi | apan sênêt kijalêng anasir salat ||

75. Pajênêmaning§ Prayoginipun / Pajinêmaning /. asalat | catur prakara ginaib | liripun jinêm patêmyan | gêni angin banyu bumi | angsal kalih prakawis | singgih dhadhaupanipun | tirta lawan bantala | kang angin kalawan agni | tanasube suhud-suhul-mulajamah ||

76. Punika jatining jagad | tangkêbing bumi lan langit | tan kenging pinarinciya | sèsining bumi lan langit | wus tan kasaban bumi | sawiji jagad rannipun | kula kang tan kuningan | makaling niyat sajati | kang punika singgih sajatining jalma ||

77. Kinawasakakên dènnya | murbani sèsining Widdhi | anasirira Hyang Suksma | kapurba niyat sajati | pinurna pinarinci | tan pae

--- 12 : 87 ---

pagêntyanipun | sarupa rasaneka | suhuling kawula Gusti | purnaning ro nir woring jagad tan niyat ||

78. Apan datanpa pinangka | panjoring niyat sajati | yèn wus tumancêp ing jagad | makal Kalèk wus tan kalih | kulane§ Prayoginipun / kwulane /. wus tan kèksi | Gusti kewala kang mujud | pinuji ing dhawaknya | kalawan pribadinèki | lamun niyat datan tumancêp ing jagad ||

79. Tan (n)dungkap sawiji Asma | nalirah kalimah kalih | kulane§ Prayoginipun / kwulane /. maksih kawula | bangsa ngaral apês dhiri | Gusti sih têtêp Gusti | tan wor tan têmu-tinêmu | tan kengang kinayapa | tan bisa langgatan Gusti | marma kita jênêk nèng jaman kapêsan ||

80. Tan tèyèng koripanira | tan sumêdya angancangi | niyat jatining kadadyan | katungkul lalatahing ling | punika atur-mami | manawi kasaman kalbu | wa-punika sumangga | yèn wontên inggahe malih | lamun saking kakirangan tur-kawula ||

81. Arsèngbudi ris wacana | Ki jêbèng Mangunarsèki | kalangkung dening purna |Kurang satu suku kata: kalangkung dening sampurna. mumuradane patitis | rahmat raosing kapti | ingundhakakên tapakur | angimpun tyas kang ura | sung tatrap tyas kang kalêmpit | mulyakakên ing manah ingkang kuciwa ||

82. Yata ing ratri mangkana | wus lingsir dalu kang wanci | Arsèngbudi linging garwa | sira tata-a lêlêmpir | dimèn sami aguling | kasayahèn kang alaku | kang garwa tur sandika | lèngsèr mring wismanirèki | ngambil karangulu lan sisingêbira ||

83. Tinampa lan rowangira | tan dangu prapta ing ngarsi | tinatalèn ulonira | kampuh pasingêbanèki | Arsèngbudi ngling aris | sumangga lêlêswan ngriku | sami sêsèmèk nendra | ing wanci wus lingsir wêngi | kang ngaturan èsmu wigih ing wardaya ||

84. Samya lon ing aturira | kalangkung nuwun ingkang sih | sasêlotipun kewala | singgih gampil lamun arip | Arsèngbudi ngling aris | lah yayi Cariksutrèku | benjang-enjang manawa | saèstu umangkat mulih | manira yun tumutur ing lampahira ||

--- 12 : 88 ---

85. Maring dhukuh Wanamarta | wontên kang karasèng kapti | kajat ngong arsa papanggya | lan kakang Arundayèki | lami wulangun-mami | (ng)gyan-sun adrêng yun tatêmu | mring kakang Arundaya | Bayi Panurta lan mami | wus ubaya ing dangu mring Wanamarta ||

86. Mupung samya paparêngan | ngalap nut kang arsa mulih | mring karajan Wanamarta | tirakat angêting margi | pra tamu kang myarsa ngling | samyènggar suka tyasipun | Ki Cariksutra nabda | yèn kakang parêng Kiyai | maklum dhatêng para putranta sadaya ||

87. Sarèh mring masjid kewala | tan taha palêsmarannèki |§ Prayoginipun / palêswannèki /. supaya sagêda sarap | sasukanipun aguling | sayêkti samya èring | anèng ngarsane asêpuh | mangsa antuka nendra | gumuyu Ki Arsèngbudi | singgih yayi kalangkung dening prayoga ||

88. Nulya nuduh santrinira | nata gêlaran nèng masjid | agupuh ingkang liningan | pra tamu lèngsèr sing ngarsi | samya marang ing masjid | ing dalu datan cinatur | yata ing wanci pajar | sidik wus sami atangi | Arsèngbudi maring ing masjid sêmbahyang ||

89. Asubuh lan santri kathah | Ki Arsèngbudi ngimami | tan kir'at wawacan balhar§ Prayoginipun / ilhar /. | sawusing Patekahnèki | apan Surat Watini | ingkang sarakangatipun | akir Inna-anjalna | adêge wus dèn-Kunuti | têkèng tahyat salam bakda sasalaman ||

90. Laju samya pupujiyan | dhikir donga limang bêkti | paragat maca salawat | sasalaman sadayèki | tata dènnira linggih | Ki Arsèngbudi ris muwus | marang rubiyahira | Wiyadi sajiya bukti | kang liningan sigra nuduh pawongira ||

91. Santri jalu èstri sigra | ngambil pasunggatanèki | mring wisma tan dangu prapta | Wiyadi anglaladèni | yata rampadanèki | sarwa ngêt sadayanipun | Arsèngbudi ris nabda | suwawi sami awijik | sêsèmèkan bukti wong arsa lumampah ||

--- 12 : 89 ---

92. Agupuh ingkang liningan | jalwèstri ambêng pribadi | samya turuh wiwijikan | (n)dan lêkas sarêng abukti | pikantuk sadayèki | antara nadhah anutug | sami aluluwaran | ambêng rampadan cinarik | sinungkên pra santri pambudinira ||§ Prayoginipun / pamburinira /. [Kurang satu suku kata: sinungkên para santri pamburinira].

93. Samya nadhah angucapah | jalwèstri tan ana kari | sadaya wus kawarêgan | gantya mangsêgan mangarsa | cinaran anyanyamik | angalap sasênêngipun | wus mangkana luwaran | Arsèngbudi ngandika ris | lah rubiyah ingsun pamit marang sira ||

94. Kantunna sira nèng wisma | manira arsa umiring | ring sutanta Jayasmara | mulih mring Wanamartèki | manira yun papanggih | ring kakang Arundayèki | wikan tari§ Prayoginipun / lami lan / [sebaiknya : lami]. enggalnya | sira kariya basuki | sun tan-(ng)gawa santri mung si santri Sêtia ||Lebih satu suku kata: sun tan-(ng)gawa santri mung si santri Sêtya.

95. Nikèn Wiyadi turira | tan lênggana rèhing tuding | arsa tumuturing raka | datan linilan ing laki | lah wus sira Wiyadi | sasalamana ing ngriku | Ni Wiyadi anêmbah | angaras padaning laki | wusnya nguswa sung salam marang pra putra ||

96. Agêpah sadayanira | sinung salam ring kang bibi | rahab samya gantya-gantya | samya tur pamitirèki | winangsulan sabda ris | pandonga nutkên rahayu | Arsèngbudi lingira | sumangga mangkat tumuli | mupung enjang-enjang anjuru-dêmungan ||

698. Jurudêmung

1. Yata kang samya umangkat | kang liningan aturipun | inggih sumangga ing kayun | samya ngling mring rubiyahnya | paran wus samêkta iku | iya panggendhonganira | pra waela turnya sampun ||

2. (n)Dan lêkas samya umangkat | mêdal saking masjid agung | pra rubiyah anèng ngayun | jalu èstri kathahira | watara wong

--- 12 : 90 ---

kalihpuluh | kang pinatah anèng ngarsa | anggrêmani ing dêlanggung ||

3. Santri Putih Sêtradrêma | Monthèl lan Iman Sêcaku | Jatingarang gangsalipun | têkèng pasawahanira | anabrang ing kali Lumut | pajamban watu palatar | anètèr palataripun ||

4. Maksih rêmêng saput kisma | pêpêdhut angamun-amun | andulur ingkang lumaku | nut tikunging pagalêngan | pasabinannya atulus | asri swaranya enjingan | cingcinggoling lan dhèdhècu ||

5. Paksi manyar munyèng tawang | baranjangan cucuwiyun | manyura nyangungong mabur | kringinging bêring lan jongkang | anggantêr kokolik tuhu | lir nambrama tanya lampah | mring ngêndi (n)Jêng Kyai guru ||

6. Tinubing para ngulama | asêlur waela kakung | baya doh dènnya nrah laku | blêtupuk lir nambung sabda | wus karuhan ta puniku | doh pisan mring Wanamarta | yun panggih kakaruhipun ||

7. Lan Kae Bayi Panurta | mitrane saeka kalbu | wus lir sayayah saibu | wau ta ingkang lumampah | kapungkuring Bustam dhukuh | sumirat kênyaring surya | duk mijil anggraning gunung ||

8. Ujwalaning Hyang Karaba | nangsayèng (m)bun tiksnaning rum | pradipta lir rêtna rêmpu | lèn citraning ron wantara | cawining nalaga mulu | katrangan ing Hyang Raditya | wèh waluyèng rat sawêgung ||

9. Wau ta ingkang lumampah | wus anglintangi patalun | têgal pasabinanipun | pêlêstrèn pagaganira | patugaran bana tunu | babanggan ra-ara wiyar | nampak kêkêbing wana gung ||

10. Mahasing wana wulusan | tumurun jurang paparung | pasêngkan pèrèng lulungur | kèh buron kang katingalan | kang kidang manjangan paul | mong gogor sêgruk balacan | jajawi banthèng andanu ||

11. Uwa-uwa warangutan | bangkan wanara lutung |Kurang satu suku kata: babangkan wanara lutung. nèng wrêksa karsula timbun | samya ngrêmusi pradapa | ana kang lagya susunu | lir jalma rêrèkanira | kang lanang anyundhang gulu ||

--- 12 : 91 ---

12. Mring lutung wadon kang manak | ana gupuh ngundang dhukun | lumaku rindhik anggriguh | kang ngundang ngajak gya-agya | dhukunne lir dumèh dhukun | ngadi-adi pinilala | weya-weya alêlêngut ||

13. Lir kurang sajèn tindhihnya | kang tutulung padha lutung | parigêl pangolahipun | ginêcêl akarya pêjah | rinut ngoyot wêtêngipun | pinopohan lan godhongan | mulya lan pacêngukipun ||

14. Wingwrin anon mangsa-mangsa | aprawro mrêsmra swara sru | katangguling kol kawangsul | singsal tiba sing pènèkan | cêthuke anuju julung | bapa-biyunge agêpah | yun ngambil cêthuk kang runtuh ||

15. Kararah anèng ing lêmah | ginèndholan para lutung | yèn jalma-a sami muwus | pitutur ing sanakira | lutung kang kelangan cênguk | lah wus aja sira alap | pupusên bêgjanirèku ||

16. (ng)Gènnira padha susuta | ciptanên darma susunu | yèn wus julunge pinulung | dening mong mangsa kabla |Kurang satu suku kata: 8a. yèn wus pancinipun julung | rinêbut mangsa kêna-a | yèn pinarêng tombok umur ||

17. Kuwatir nèng pangudhunan | yèn anut wawaning napsu | nora bêcik kang tinêmu | maoni sira Pangeran | karsaning Hyang pan wus bêstu | babageyaning atitah | tan kêna kinudu-kudu ||

18. Slamêt-slamête kangèlan | tuwas tan kêna rinêbut | lir susulung lêbu latu | lutung ingkang tinuturan | lanang wadon ngusapi luh | ngiwa nêngên surawèyan | samya nangis kalihipun ||

19. Saking gugon-tuhonira | awêdi krungu pitutur | (m)bobolèh ujar rahayu | kinèn narima ing Suksma | nanêdha yèn sinung liru | mangkana pinaksa-paksa | tyasira ingkang asunu ||

20. Sadangunira udrasa | anake kang tiba julung | cênguke ro bisa wangsul | mènèk witing karasula | nurut madal saha nuntung | sumyak-giyak lutung kathah | bapa biyunge agupuh ||

21. Myat suta awijah-wijah | agègokan sugun-sugun | wau kang samya lumaku | Arsèngbudi Cariksutra | Malangkarsa

--- 12 : 92 ---

samyandulu | lutung kadya sung sasmita | sarêng dènnira gumuyu ||

22. Pagut graitaning driya | amèmpêr lêlèjêmipun | Kae Bayi Panurtèku | marma èsême mirasa | tunggal sasmitaning lutung | kapranan kadya ya uga | Ki Bayi lalakonipun ||

23. Yata wau kang lumampah | wanci surya nrang malatu | têtêngakan ing wana gung | babangkan ra-ara wirya | lang-alang galagah rayung | gêlonggong plumpung sawuran | grumbul tanwangtawang. kalampis pung ||

24. Sumuk tampêking baskara | tan ana wrêksa kang eyub | adoh paonjotanipun | ron kalamênta atiksna | ngrujit pagêlanganipun | karênjêm bung alang-alang | samya karikuhan laku ||

25. Laju nrang bêntaring surya | rêkasaning lampahipun | tan ana rèrènanipun | bubulak ra-ara wiyar | malbèng kêtêbing wana gung | nut èrèng pèpèrèng jurang | paranging curi aparung ||

26. Kalimudaning lawêdan | aririh tinapak lunyu | wigih ngarah-arah laku | mawèng têpining bambingan | pringganing jurang atêrjung | nètèr anjat palunguran | wirangrongan lampahipun ||

699. Wirangrong

1. Asrang swaraning wanadri | pring-ori grêng sru gumêrot | pring wungwang kanginan angaluwung | kapyarsa lir tangis | wor siyaking cêmara | krosaking pang kang kasingsal ||

2. Wanci wus lingsir pidak-tri | samyarsa awêktu Luhor | anon pabêlikan sri kang ranu | satêpining margi | kayoman ing mandera | papan sela kumalasa ||

3. Samya rêrêp sadayèki | sukur pakolih dènnya so | mahèrantuk kadas dènnya wêktu | (n)dan lêkas ngabêkti | antara dènnya salat | bakda purna salatira ||

4. Rêrêp dènnya ngaring-aring | nèng sor mandera ayom | sêgêr kamarutan mapan sèyub | kasiliring angin | jênêk pakantuk raryyan | rasa-rasa tumindaka ||

--- 12 : 93 ---

5. Kang (m)bêkta sasangunèki | bubucu kalawan lawoh | miwah nyanyamikan samya cucul | pagendhonganèki | Santri Putih kalawan | Santri Monthèl santri Drêma ||

6. Jatingarang Mansêcèki | kang bêkta sangu ginendhong | cinaoskên ngarsa sadaya wus | papanganan bukti | nulya sami anadhah | kang sêkul sasangunira ||

7. Waradin jalu lan èstri | wus nutug samya linorot | sinungkên santrinya samya muluk | tuwuk sadayèki | miwah dhadharanira | wowohan myang lah-olahan ||

8. Luwaran dènnira bukti | Ki Arsèngbudi nabda lon | yèn wus aso samya pênêdipun | umangkat lumaris | samya matur sumangga | (n)dan samya sarêng lumampah ||

9. Angayam-ayam wanadri | andulur samya rèrèndhon | tumurun lwah jurang nganjat lungur | mahasing wanadri | griting êpang ambêngok | sru lir angsa akêlingan ||

10. Myang krisiking cêmara ngrik | gumrah lir suraking mugnsohmungsoh. | kèdidan ing braja§ Prayoginipun / bajra /. gêrdêgipun | lèn katêmpuh angin | gumrêbêg magoraya | yayah kadya tanpa rungyan ||

11. Andarung lampahira ris | nampak durgamèng jurang jro | ngundhung palêbakan mangêp singup | siluk-siluk sungil | kangèlan ing karakal | sakol-êkol matumpukan ||

12. Kêmput lajêring wanadri | pagrêngan tatas linakon | nampak palêmparan bondhot grumbul | têbaking wanadri | tutunon patugaran | babangkan kang dèn-gugulang ||

13. Tinalun boga ginagi | jinarak myang jagung ontong | pan wus kalintangan kadhang grumbul | tarataban nipis | bubulak agênêngan | kèksi padhukuhanira ||

14. Tangga parapating dèsi | katingal wilis saking doh | dhikil Ardimuncar wus kadulu | pasabinanèki | tirah ing patalunan | katêgal pagaganira ||

--- 12 : 94 ---

15. Walêr pagalênganèki | sabin suwangan anglorog | samya kajomboran dening ranu | tulus kang winiji | tan nalêbaring mangsa | saking kakolohing toya ||

16. Talun myang têgal palêstrin | wohira asri andados | sangkêp jajanganan kang tinandur | kara kacang cipir | lombok terong bayêman | kêrai timun sêmangka ||

17. Myang pala kapêndhêm sami | mangsa sêdhênge angundhoh | asri katingalan yata wau | kang samya lumaris | anuting pagalêngan | ing wanci wus akir Ngasar ||

18. Mêmilih papan ngabêkti | anon sêndhang babalong | kayoman rêjasa bibis rau | kalawan gayamprit | padhas atos malatar | sêndhang pangangson padusan ||

19. Pinggir calangaping kali | samya raryyan lanang wadon | arsa wêktu Ngasar samya wulu | wusira susuci | antara dangunira | bakda dènnira sêmbahyang ||

20. Paragad saliring bêkti | sawusira mucang gupoh | laju lampahira pan adulur | pagalênging sabin | anuju Ki Samurca | sabate Ke Adimuncar ||

21. Dhangir patêgalanèki | Ki Santri Putih duk anon | marang Ki Samurca alon muwus | lo apa ya kikiiki. | adhi-ngong Ki Samurca | kang tinanya gêpah mulat ||

22. Sarwi gupuh anauri | ênggih kakang wak-ingong |Kurang satu suku kata: ênggih kakang awak-ingong. wus bage binage alon muwus | Kaê Arsèngbudi | lah sira Ki Samurca | sutanta paran wontêna ||

23. Kakang Adimuncar singgih | kang tinanya turira lon | paduka atanya Kae Guru | inggih wontên ugi | rakanta Adimuncar | dangu anèng pasabinan ||

24. Têmbe mantuk sapuniki | Ki Arsèngbudi lingnya lon | lah rika matura ring Kyaimu | yèn ingong kang prapti | kèh sasarênganingwang | kang liningan tur sandika ||

25. Ki Samurca mentar aglis | andhingini laku gupoh | tan adangu prapta ing dhudhukuh | sainggiling dhikil | sira Ke Adimuncar |

--- 12 : 95 ---

pinarêk anèng paningrat ||

26. Lan garwa Ni Purnaningsih | pangandikanira alon | baya sun dhatêngan jalma luhung | kèh praptèng mariki | dene mau sun-mulat | wong rantap anèng pagagan ||

27. Sun-duga padha mariki | samya sêdya amardhayoh | nulya Ki Samurca praptèng ngayun | umatur tur uning | apan rinta ing Bustam | kang prapta sêdya papanggya ||

28. Akathah ingkang umiring | tuwa anom lanang wadon | tingalira samya jalma luhung | kêdhik sabatnèki | kawistara ing cahya | Ki Adimuncar ris nabda ||

29. Mèsêm sasmita ing rabi | jarku apa nora linyok | lah sira kudura èstri jalu | karya-a sasaji | akonna mragat menda | lalawuhan kang prayoga ||

30. Nyamikan kang adi-adi | ywa kuciwa ing susugoh | kang liningan sigra angungukus | nuding pawongnèki | kinèn samya lah-olah | Kyadimuncar malih nabda ||

31. Maring santrinira katri | Ki Samurca Ki Murcaho | Murcogo katrinya pan tinuduh | samya (ng)gêgêlari | lampit miwah kalasa | anèng ing pandhapanira ||

32. Tan adangu wus miranti | Ki Adimuncar lingnya lon | lah Samurca sira ingong tuduh | timbalana aglis | riningong Arundarsa | tutura yèn sun dhatêngan ||

33. Kang liningan mentar aglis | tan suwe dènnya kinongkon | Kae Arundarsa praptèng ngayun | angandika malih | mring santri Ki Samurca | lah wus sira aturana ||

34. Kae jêbèng Arsèngbudi | ngong-papage kang mardhayoh | nulya samya mentar praptèng pintu | Ki Samurca aglis | mêthuk wau kang prapta | ngantos pawijilanira ||

700. Mijil

1. Ki Samurca laju angaturi | mring kang amardhayoh | yata wau kapêthuk lampahe | matur andika dipun-aturi | ing rakanta nganti |

--- 12 : 96 ---

salêngkaning pintu ||

2. Anganthuki Kae Arsèngbudi | lampahira gupoh | nètèr ing pancadan pupunthuke | dhukuh Muncar sanginggiling dhikil | wus andungkap prapti | padhadhahanipun ||

3. Tan pantara lampahira prapti | parêgolan panggoh | ingulukan-salam satêkane | kang pra tamu samya angaturi | ngalekum-salami | nulya kèrit mangsuk ||

4. Ingancaran lênggah ing pandhapi | sadaya tuwa nom | jalu èstri tata palungguhe | Ki Arsèngbudi gupuh mangarsi | atur salamnèki | Adimuncar gupuh ||

5. Sasalaman pupuji ing Widdhi | sarwi nambrama lon | pan binagyan ing karaharjane | amangsuli basukyanirèki | dangu paguting sih | patêkêmanipun ||

6. Wus rinahab gya Mangunarsèki | tur salamira lon | sinambrama saha basukine | Anggungrimang tur salamirèki | wus sinung pambagi | karahayunipun ||karahayonipun.

7. Nulya sira Kae Jayèngrêsmi | tur salam mabukoh | rinahaban sarwi pambagyane | wusnya nulya Kae Jayèngragi | tur salamira ris | binagyan sadarum ||

8. Nulya pra waela ganti-ganti | ngabêkti sarya nor | nulya Pariminta Sèh Modange | Ki Piturun miwah para santri | samya atur bêkti | sadayanira wus ||

9. Tata dènnira sami alinggih | jalwèstri samya nor | Kae Arsèngbudi lon ature | marma kakang kawula tutuwi | mariki umiring | putra kalihipun ||

10. Jayèngrêsmi lawan Jayèngragi | samya lalana-ndon | lami anèng pangumbaran rêke | kang punika para putra singgih | kakang Rundayèki | Bayi Panurtèku ||

11. Ingkang dipun-ulati ing nguni | suta lanang wadon | panggya jênêk nèng Wanantakane | kuwu lawan Ki Sèh AmoragiAmongragi. | antaranya lami | sampun gangsal ungsum ||

--- 12 : 97 ---

12. Mangkya samyarsa mantuka maring | Wanamarta dhukoh | marma kawula lan sadayane | samya tumuturing-putra kalih | sami dènnirèki | dènnyarsa têtêmu ||

13. Marang kakang Kae Rundayèki | Dimuncar lingnya lon | manawi Allah amarêngake | benjange yèn saèstu lumaris | mumpung parêngnèki | kawula tumutur ||

14. Langkung suka kang samya miyarsi | Kyai Muncar mêngko | arsa marang ing Wanamartane | Kae Adimuncar lingira ris | mring kang putra kalih | dhuh sutèngngongsutèngong. bagus ||

15. Sampun tata-tatataha-taha. angakêni | ambapa maring ngong | nging pun bapa sangêt balilune | dèrèng sagêd budi anyukupi | pan dawaning angling | sakèh anak putu ||

16. Sukur kewala yèn kaki-kaki | mring para nom-anom | wau kang pra tamu sadayane | samya anor palinggihannèki | tumungkul èstu jrih | kurmating sêpuh ||Kurang satu suku kata: pakurmating sêpuh.

17. Ki Sèh Adimuncar ciptèng galih | dangu dènnira non | marang ingkang para tatamune | langkung trustha sukanirèng galih | aprasasat kadi | kabanjiran madu ||

18. Yata pasugatannya mangarsi | tinampyèng wong wadon | nyanyamikan lah-olahan adèn | myang wowohan ingkang manis-manis | miwah wedang kopi | mamanisanipun ||

19. Miwah dawêgan wilis sumaji | Dimuncar lingnya lon | ngancarani marang pra tamune | lah suwawi yayi Arsèngbudi | lan ing ngriku sami | sarating alêsu ||

20. Sawontênipun anèng wanadri | parêrêming awor | sumapala tan pati mungguhe | kang liningan sami angalapi | sasênêngirèki | jalwèstri amulung ||

21. Wusnya antara dènnya nyanyamik | ing wanci surya yom | nuksmèng kisma andungkap Mahribe | Kae Adimuncar lingira ris | sumangga mrih Mahrib | nêdhêngira wêktu ||

22. Kang ngancaran dhangan turirèki | jalu èstri gupoh | samya maring masjid pahèrane | myang pra santri kathah sadayèki |

--- 12 : 98 ---

wus sira susuci | mangsuk ing masjid gung ||

23. Wusnya adan sunat pêrlu Mahrib | Kyai Muncar gupoh | ngancarani marang sadayane | angimami lênggana turnèki | gya Dimuncar nuli | angimami wêktu ||

24. Ilhar kewala wawacanèki | surat kang winaos | wusing Patekah Kulyak-kayune§ = Kulya-ayyu. | Idaja-a rêkangat kang akir | antaraning Mahrib | prapta Ngisanipun ||

25. Têkèng wêktu Ngisa dènnya bêkti | bakda amamansoh | pragat puji dhikirira kabèh | maca salawat salaman sami | sakèh santri alit | mudhun sing masjid gung ||

26. Nulya samya kang para kinyyaikiyai. | luwaran saking (ng)gon | kondur marang wismèng pandhapane | miwah kang pra waela tan kari | prapta tata linggih | ring (ng)gyannira wau ||

27. Ki Sèh Adimuncar ngandika ris | ring garwanira lon | e Purwaningsih paran wus mangke | (ng)gènta ngrukti pasugatan tami | lamun wis dèn-aglis | (ng)gyannira ngungukus ||

28. Saosêna saananirèki | kang liningan gupoh | mudhun saking pandhapa nulya ge | nuduh santrinira jalu èstri | kinèn nampa aglis | rampadan mangayun ||

29. Wus tinata sadaya nèng ngarsi | magana mêgolong | liwêt tambra lawan kêbuline | jangan bècèk mênir pêcêl-pitik | lan pindhang kêbiri | brongkos tumtimtimtim. mangut ||

30. Susujènan srêgan limpa ati | pal-puk dudu§ Prayoginipun / duduh /. kolor | dhèndhèng gêpuk gorèngan lan age | dhèndhèng panjèn sarundèng lan ragi | lidhah êmpal kisi | bêtutu bon rêmus ||

31. Ayèm manjangan asin sisili | basngèk blêbêt opor | sambêl-gorèng utak lan balure | gêcok pêncok lombok kêncêng pêtis | lalaban mawarni | sangkêp sadaya wus ||

32. Pra waela sinaji pribadi | rampadan rinoyom | Kae Adimuncar lon

--- 12 : 99 ---

wuwuse | lah suwawi yayi Arsèngbudi | lan Cariksutrèki | nak Malangkarsèku ||

33. Anak jêbèng Mangunarsa tuwin | Jayèngrêsmi karo | Jayèngraga miwah sadayane | jalu èstri suwawi awijik | ing ngrikuwa sami | kewala akêmbul ||

34. Gupuh dènnira sami wawanting | (n)dan bukti aroyom | langkung pakantuk ing panadhahe | wus antara dangunira bukti | aluwaran sami | sadaya tuturuh ||

35. Gupuh ingkang samya nglaladèni | jalwèstri anglorod | sinungakên santri pamburine | wus warata kabèh nutug bukti | gantya kang sumaji | nyanyamikanipun ||

36. Tinatèng aglar anèng ing ngarsi | mawarna sri tinon | wowohan lan lah-olahan adèn | Kae Adimuncar lingira ris | lah ngriku suwawi | mamangsêganipun ||

37. Gupuh kang liningan ngalap sami | sasênêngira lon | lah-olahan miwah wowohane | ingkang nginum wedang srêbat kopi | nutug sakarsèki | kang nginang myang udud ||

38. Ki Sèh Adimuncar ngandika ris | manira yun anon | Kyarsèngbudi ingkang pundi mangke | putranipun kakang Rundayèstri | ingkang asisilih | Tambangraras nêngguh ||

39. Arsèngbudi wacananira ris | paduka atakon | putranipun kakang Rundayane | ingkang sami lalanan-ndon anis | kang dipun ulati | ing sudarmanipun ||

40. Kae Bayi Panurta ing uni | lawan ingkang wadon | singgih suta katiga èstrine | Tambangraras kang garwa Mongragi | jalu Jayèngrêsmi | Jayèngraganipun ||

41. Kalih sampun sami among-rabi | trêsna tan kêna doh | labuh mendra tan etang bayane | anging Tambangraras kang piningit | sihing jalma lêwih | kang asih jujuluk ||

42. Wastani waela Selabrangti | winong ing Hyang Manon | jalar saking laki nugrahane | Mongraga kang siniyan ing Widdhi | siswanta sawiji | Ragasmara nênggah ||Guru lagu seharusnya: 6u, Ragasmara nêngguh.

--- 12 : 100 ---

43. Wus tan bastu angganya inapti | wênyahing pandulon | anèng Jurang Jangkung Palanggate | wus bangsa lus ganale kawuri | piniji ing Widdhi | lan pribadinipun ||

44. Pangkating atitah wus Utadi | nujêmba salihos | kadwi jalu katiga èstrine | Sèh Mongraga Sèh Mangunarsèki | katri Rancangkapti | dadya semahipun ||

45. Ika Ki Sèh Gungrimang puniki | ngulama nom kaot | punapinggih mêkatên Ki Jêbèng | Ki Sèh Mangunarsa turira ris | kasinggihan ugi | saèstu kadyèku ||

46. Datan wontên kang ninang sasiki | pan inggih sayêktos | wus tan kengang ginampil panggihe | Sèh Mongraga wus ahli awingit | amba tan (n)dungkapi | ahline ngaluhung ||

47. Ki Sèh Adimuncar duk myarsa ngling | tyasira sumrowong | langkung sukurira ing angêne | angling malih marang Arsèngbudi | ênggèh ta lah yayi | ngagêsang puniku ||

48. Ingkang sinung kaluwiyan dening | Hyang Ingkang Murba Non | singgih datan wontên sanepane | ingkang sinung kakurangan dening | Hyang kang Maha Sukci | tan na èmbanipun ||

49. Sabab saking punapi kadyèki | eloking Hyang Manon | paran kodrat myang iradat mangke | cara Jawa lir apasti§ Prayoginipun / apasthi /. pasthi | ingkang pasthi êri | pasthi sujènnipun ||

50. Ala landhêp susujèn kinardi | landhêping ri wus pon | duk wêtune pan wus landhêp dhewe | kodrat lawan lan dèn-iradati | tan nganggo dèn-ngoti | êri landhêpipun ||

51. Kadi ta kang nokitakên sami | kadarilah karo | kajaba rilahing wong ambêge | awit dening kadarilahnèki | wontên ingkang dadi | kaluhuranipun ||

52. Miwah kang kajaba riyah jalmi | dadya pês lwih asor | ana kang dadya kaluhurane | puniku yayi saking punapi | kalihe pan sami |

--- 12 : 101 ---

tan kêna tinantu ||§ Prayoginipun / tinamtu /.

53. Arsèngbudi mèsêm turira ris | singgih mangsa borong | ingkang masthèkakên ing panggawe | kabageyan sokur luhur pinanggih |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / luhurnèki /. awon pênêd tuwin | bênêr lawan luput ||

54. Jalar saking takaburirèki | saliring rumêngkoh | tan pae lan ambêg kang prasendhe | barang ing panggawe tan nglakoni | darmi lumawani | panggawe kang tinut ||

55. Pan wus têpês titahe Hyang Widdhi | kang samya linakon | ing kawulaning Hyang sadayane | Kae Adimuncar angling malih | Sèh Mangunarsèki | Ke Jêbèng ing ngriku ||

56. Dugèkêna surasaning ngèlmi | kang têkèng sajatos | aywa ninang lan Dalil Kadise | basa kang puniku wau ugi | anor kang sinung ling | turira lir madu ||

701. Dhandhanggula

1. Ki Sèh Mangunarsa mêdhar jati | rêke singgih sabda kang punika | yèn winulad ing sarake | apan pasthi puniku | wus tan kengang awèh§ Prayoginipun / ewah /. gumingsir | tan kadarbe ing kita | sadayaning makluk | nèng pribadining Pangeran | singgih sipat iradat kodrating Widdhi | tan silih-sinilihan ||

2. Kodrat ijadu kuli munkinin | lirnya ingkang kodrating Hyang Suksma | kang nganakkên sakathahe | ing mungkinmunkin. sadayèku | iradat kubah sis suhulli | mukinin têgêsira | iradat puniku | masthi sakèhing mukinnya | kang papasthèn wontên ing kalih prakawis | satunggil nèng mualak ||

3. Mênggah papasthèn satunggal malih | papasthèning ing dalêm mubaram | luhuring mualak rêke | punika kang wus bêstu | datan kengang ninang sadêmi | paningaling kawula | tan têkèng ing ngriku | liyaning janma kang wus man | sinung ilham kinapasakên dening |Kurang satu suku kata: sinungan ilham kinapasakên dening. Hyang Kang Murbawisesa ||

--- 12 : 102 ---

4. Yèn papsthèning kita puniki |Kurang satu suku kata: Yèn papasthèning kita puniki. lamun maksih wontên ing mualak | dèrèng bastu papasthène | kenging sèos lan durung | pae kang wus nèng mukarami | papasthèn tan kêna wah | kirang lawan langkung | saking pasrah winalika | datan kengang ing akal kalawan budi | owahe kang mubaram ||

5. Nging tan pisah ing antaranèki | papasthèn mualak lan mubaram | marma makluking Hyang rêke | apês kalawan luhur | datan kengang nampik amilih | namung lawan ihtiyar | pamilihing kalbu | tiwas tuwas nèng ihtiyar | karananya ihtiyar puniku aip | tan kêna dinaliha ||

6. Sangkaning dadya won pênêdnèki | marma punika kawula ngaral | tan wruh marang ihtiyare | wijining ala ayu | kang tumanêm ing dalêm budi | tan na têkèng wêkasan | paningaling kasdu | mung wruh wiwite kewala | datan uning wêkasaning ala bêcik | tangèh dungkap ing tama ||

7. Adimuncar kapranan tyasnèki | manthuk-manthuk kaprananing driya | kadya wastra tinarêsèh | langkung trusthaning kalbu | tyas tapakur sukur ing Widdhi | miyarsa rasa sabda | wus samya tawakup | ing tanggap tan ana ninang | Kyadimuncar ngling mring Kae Arsèngbudi | lah yayi mangangguran ||

8. Lagya ing wanci kaluruk siji | pênêt sunat sambèn têtrêbangan | nanambung lèk saprandene | katanggungan aturu | sami dikirdhikir (dan di tempat lain). maulud singir | madya ratri sih awal | dèrèng lingsir dalu | Ki Arsèngbudi lingira | singgih langkung prayogi sami adikir | trêbangan dhinulêngan ||

9. Angandika malih maring santri | lah Samurca ngambila tarêbang | têka pitu lan kêntrunge | ingkang liningan gupuh | ngambil trêbang tan dangu prapti | katur mring Adimuncar | alon dènnya muwus | ngriku yayi Arsèngdriya | narêbanga lan yayi Cariksutrèki | myang anak Malangkarsa ||

10. Mangunarsa Anggungrimang uwis | Jayèngrêsmi lawan Jayèngraga | sami kakêntrungan rêke | lalungsèn awon nganggur | sami ojrat madyaning ratri | agupuh kang liningan | nyandhak

--- 12 : 103 ---

trêbangipun | nulya samya sinêntakan | wong pipitu mangku trêbangira sami | ginêmbrang agêmbrungan ||

11. Ki Sèh Adimuncar ngandika ris | yayi Arsèngbudi lah sumangga | andika bawa talune | ingkang sinung ling gupuh | Arsèngbudi sigra (m)bawani | laila hailalah | Allah Muhamaddun | ya Rasul mandun§ Prayoginipun / makdum /. Mukamad | solalahu ngalahi wa askabihi | salawatu ngalena ||

12. Sinauran santri sadayèki | jalu èstri ramya barung swara | asru gumuruh arame | gobyog trêbang myang kêntrung | nganyut-anyut tan na sarênti | ukêl sajake rampak | rêmpêg tan (m)barênjul | swara sora sru kapyarsa | tangga desa parapat manca-limèki | kagyat krungu tarêbang ||

13. Kang wus turu kagyat padha tangi | dharakalan jalu èstri samya | nonton tarêbang myang rare | kêlayu ngajak (n)dulu | gumarudug aniningali | trêbang mring Adimuncar | kang saking lor kidul | kulon miwah saking wetan | miwah prapta linggih baturing pandhapi | myang angadêg ing latar ||

14. Talu wus antara dangunèki | sinalahan suwuk kang tarêbang | Kyai Muncar andikane | saprayoganipun |Kurang satu suku kata: lah saprayoginipun. andhulêngi salawat dhikir | ya bênêr si Samurca | Murcabo sirèku | lan Murcogo andhulênga | gagêntèna lawan dhayohira santri | Monthèl sakancanira ||

15. Sêtradrêma lawan Santri Putih | Basariman miwah Imansêca | Jatingarang kabèh kuwe | emprak katêlu-têlu | kang liningan sandika nuli | Arsèngbudi abawa | Allahu Allahu | abarakallahu§ Prayoginipun / wabarakallahu /. sigra | santri kabèh jalwèstri barung (m)bawani | gumuruh sri kapyarsa ||

16. MurcaoMurcabo. Murcogo Samurca glis | wong têlu emprak ababrongotan | suka kang anonton kabèh | kalangkung ramenipun | sruning trêbang barung swara tri | kêntrunge babanggènan | pong-pêp tong-ting brang-brung | thung-plêg thung-plêg plak-blang pak-blang |

--- 12 : 104 ---

pyung-pyêk pyung-pyêg pêp-pêp bah bah bah kupyik-pyik | prung-prung-brang dhung-brang dhung-brang ||

17. Monthèl Sêtradrêma santri Putih | sumbu sinumbu dènnira emprak | tan miyatani gênine | dangu pandhulêngipun | kang anonton bungah kapati | dènnya ababrongotan | tan pasah ing latu | nulya gantya kang angemprak | Jatingarang Basariman Mansêcèki | ramya bakar-binakar ||

18. Santri tani yutun empraknèki | ya lir emprake santri balaka | Jayèngraga ling jro tyase | kêngètankèngêtan. duk ing dangu | anèng krajan Wanamartèki | kang rama darbe karya | kala amamantu | ing lakine Tambangraras | lan Mongraga kasukanira nuwuki | kang emprak salawatan ||

19. Kang juroni santri Jamal Jamil | ngutahakên kabudayan Karang | bisa karyèraming akèh | kathah sulapanipun | ngirapakên tamu ripangi | iku ukur kewala | tan mantra pandulu | prandene wong suka-suka | agawokan pangrasane wus ngluwihi | kang samya (n)dhulêng emprak ||

20. Asasmita Kae Jayèngragi | pagut kiringe marang kang raka | ingèsêman lêlèjême | antara dangunipun | wrata santri kang andhulêngi | suwuk maca salawat | raryyan sadaya wus | Ke Adimuncar ngandika | anyarakkên nyamikan mring santri |§ Kirang kalih wanda, prayoginipun katambahan / para /. wedang lawan panganan ||

21. Samya ngalap sasênêngirèki | wusnya aso dènnira mamangan | Adimuncar lon wuwuse | sapa prayoginipun | mêngke ingkang andhulêng singir | Cariksutra turira | anjawi puniku | singgih rinta pun Wilapa | Kyai Muncar mèsêm angandika aris | dene têka utama ||

22. Ipe-ngong si Wilapa ngojrati | dhasar wus rahabe biyèn mula | andhulêng ojrat singire | lan (m)bok-ipe yèn rêmbug | kang ngempraka salawat dhikir | singir suluk rinasa | sakadaring kayun | Nikèn Wilapa turira | amba kinèn inggih dhatêng

--- 12 : 105 ---

anglampahi | kawula tan lênggana ||

23. Adimuncar mèsêm sukèng galih | nulya anyandhak tarêbangira | (n)dan lêkas bawa singire | anglêlikangêlik. swara êmpuk | anggêragul gragul ngunani | kalungsèn sawatara | tilasing abêsus | krêkêle maksih katara | miwah gêtas rênyah rume maksih thithik | kari-karèn pasaja ||

24. Bawa tinampan sakèhing santri | lailaha ilalahu Allah | Muhkamad Rasullolahe | asri sru swara barung | jalu èstri rêmpêg tan sarênti |Lebih satu suku kata: jalu èstri rêmpêg tan srênti. anulya Ni Wilapa | (n)dan andhulêng suluk | suluk Bêthak kang rinasa | nuju sèlèh ing bawa nampani singir | mangkana kang winaca ||

25. Lêkas adang Nikèn Rara Sukci | lah ta apa kayunira adang | kayu panggêtak kucinge | kayakayu. panata rambut | lawan kayu panggugah santri | myang kayu kapandheyan | kayu prana kalbu | kalawan kayu angkatan | kayu mojar kalawan kang bêksa rangin | lawan kayu kaotan ||

26. Yèn binadhe wawangsalannèki | kayu kang samya kinarya adang | klampis panggêtak kucinge | surèn panata rambut | kayu wungu panggugah mantri§ Prayoginipun / santri /. | kayu sêmpu pandheyan | jatiprana kalbu | pan kayu tanjung angkatan | wunimojar dhadhap kang abêksa rangin | kluwih kayu kaotan ||

27. Lêkas ngambil banyu Rara Sukci | lah ta paran banyunira kêlan | banyu gêlang ing jênthike | lan banyu anggung wuyung | lawan banyu awèt ningali | banyu kontul-anglayang | banyu milyèng mungsuh | lawan banyu kasêpuhan | banyu gêntha-dara banyu busana-di | lan banyu olèh-karya ||

28. Yèn binadhe wangsalanirèki | bok pêrawan banyunira kêlan | kali gêlang ing jênthike | udan kang agung wuyung | banyu sumur awèt ningali | sumbêr kontul anglayang | bêlik mulyèng mungsuh | banyu rawa kasêpuhan | wangan gêntha-dara sêndang busana-di | têlaga olèh karya ||

29. Arêramban mipik Rara Sukci | lah punapi janganira kêlan | kang

--- 12 : 106 ---

jangan wus sarwa duwe | lan jangan kadang sêpuh | miwah jangan para umiring | myang jangan kapanasan | jangan munggèng tênun | lan jangan rèrèn lumampah | jangan tungtung guyu jangan munggèng pragin | jangan janma kang (ng)gêntang ||

30. Dèn-badheya wangsalannirèki | Rara Sukci dènnira rêramban | jangan kluwih sarwa duwe | gori kang kadang sêpuh | kêmirine para umiring | lodhoh kang kapanasan | lompong munggèng tênun | êso rèrèning lumampah | asêm tungtung guyu loncom munggèng pragin | mênir janma anggêntang ||

31. Karya lawuh sira Rara Suci | ulam punapi kang dipun-ulah | ulam kang tanpa pamitte | ulam katêmu suwung | ulam datan awrat cinangking | ulam solahing bedhang | ulam pulih ngetung | ulam kapisah ing rowang | ulam sor-prang ulam angawula dadi | ulam kucêm winada ||

32. Dèn-badheya wangsalannirèki | lalawuhanira kang dèn-olah | balênyik tanpa pamitte | sapi katêmu suwung | banthèng datan awrat cinangking | lele solahing bedhang | cabuk pulih ngetung | kancil kapisah ing rowang | krawon sor-prang sêmayi ngawula dadi | masin kucêm winada ||

33. Ngupaya lalaban Rara Sudhi§ Prayoginipun / Rara Sukci /. | lah ta punapi lalabanira | lalab tinutur padune | lalab angabên dhuwung | lalab tènging sarpa anênggih | lalab jodhoning bapa | lalab jaga mungsuh | lan lalab ingkang gumanda | lalab marga bunti kang sinjang kacakil | lalab pakoning lurah ||

34. Yèn binadhe wangsalannirèki | Rara Suci kèh lalahaniralalabanira. | kêcipir nutur padune | kacang angabên dhuwung | terong lènging sarpa puniki | lombok jodhoning bapa | têmu jaga mungsuh | kêmangi lalap gumanda | pête marga bunti jingkol kang kacakil | cambah pakoning lurah ||

35. Nakêr bêras sira Rara Suci | bêras punapa kang sira êdang | bêras agung bungah bae | bêras kang paksi pingul | bras

--- 12 : 107 ---

pangundanging putrèstri |Kurang satu suku kata: bêras pangundanging putrèstri. bêras kang kalingsêman | bêras sutèng ratu | bêras tan gêlêm dinuta | bêras angling bêras waluyaning agring | bêras kêmbang tirisan ||

36. Lamun binadhe wangsalannèki | bêras punapa kang sira êdang | sukanandi gung bungahe | kuntul lan paksi pingul | sambèng pangundanging putrèstri | campa kang kalingsêman | utri suta prabu | mênthik tan gêlêm dinuta | wajar angling mariyi waluya agring | manggar kêmbang tirisan ||

37. Rasaning kayu wujuding urip | urip makluk araling kawula | awis wah gingsir darbèke | rip purbaning Hyang Agung | srah sumèndhèsumendhe. wisasèng§ Prayoginipun / wisesèng /. Widdhi | kayu kayun Hyang Suksma | rip tan kênèng lampus | rasaning bakaling jangan | kukuliban lalaban talining urip | kalawan rasa Suksma ||

38. Napas tannapas anpas nusupi§ Prayoginipun / nupusi /. | urip kita lawan pinanjingan | roh rokani jalaranne | bisa mrih ala ayu | sinung bisa ngalap sirèki | kita kumambang kadya | sarah anèng ranu | nut sakarsaning Hyang Suksma | lawan rahsaning banyu kita puniki | lawan roh rabaniyah ||

39. Pinanjingan rip kalawan gêtih | marma kita kinarya bisobah | ihtiyar lawan rosane | kalawan angkat junjung | pangambilan kalawan dening | kuwasaning Pangeran | kamurahanipun | ginantungan agring waras | kuwat apêsing kawula anyinggahi | rasahing bras binêthak ||

40. Bêras badan kita roh jasmani | minangka kandil saliring rasa | kang minulyakakên dene | akarêp lawan lumuh | gêmah rusak luluh sirnaning | tajalining bantala | sampurna ing ngriku | rasaning gêni marmanta | kita kapanjingan rêke roh ilapi | nur-cahya kang minulya ||

41. Kang murbani miwiti mêkasi | tanggap diungkap ing sira Pangeran |Lebih satu suku kata: tanggap dungkap ing sira Pangeran. kang sawiji ing lorone | urubing nugraha gung |

--- 12 : 108 ---

ingaminan dadining puji | dandang adêging iman | tan kêna takiyur | kukusan sanggabuwana | bras paworing tataning sêmbah lan puji | panyatoning tawêkal ||

42. Gunung sungsang panawunganèki | sumyang wantuning êdad naraka | kêkêp maswintan panyanthèl | ngaru guguring napsu | sat sumêne ingkang sak-sêrik | anamung karon eklas | tinokitan ngèlmu | sumube cêngênging driya | ikram mikrat munajat tubadil singgih | tanakke tumaminah ||

43. Numplak tangajul sangkaning trêki | gunung sungsang sing jagad walikan | sumungsang bênêr lungguhe | wus matêng rasa luhung | pan kumutuk§ Prayoginipun / kumutug /. ambêging puji | nèng yan jagad gumêlar | tan roro têtêlu | maujud sakêdhap netra | guntur sumarambah ngêbêki pratiwi | ènthèng budi ihtiyar ||

44. Ilirira salsilahing dikir | niyup andaut angin wilayat | mèt atise panas rêke | nir sumuking bêbêndu | luwar saking rubedanèki | kêkês suhuling Sukma | ginolong wus junun | sampurna ngibadahira | winadhahan ing sumbul kêcana-rukmikêncana-rukmi. | katur sumanggèng Sukma ||

45. Wus antara danguning asingir | nulya asuwuk maca salawat | ngaring-aring sadayane | Adimuncar lingnya rum | nora jamak ipeku iki | kasuwèn babakannya | Wilapa kawlas-hyun | riwene kadi turasan | dènnirarsa raryyan kasusu tan kongsi | tatandatan. ambruk kewala ||

46. Angling lan rowang lah santri Putih | wêtonana wedang lan panganan | kang kurang nyanyamikane | sayah olah swara sru | kang liningan sigra angrukti | kang wedang pa-panganan | kang kalong winantu | samya ngalap nyanyamikan | wus antara ngaso dènnya ngaring-aring | Kyai Muncar ris nabda ||

47. Sapa ingkang anhulêngiandhulêngi. malih | ngêntrung ripangi salawat ojrat | Ki Cariksutra ature | manawi pinarêng hyun | rabine Sèh Modang (m)bok Plangi | pan rahab ahli ojrat | singgih sabênipun |

--- 12 : 109 ---

Kyai Muncar mèsêm nabda | lah nakbagus Sèh Modang rabinirèki | pênêd kinèn aojrat ||

48. Ki Sèh Modang anolih ing rabi | sarwi muwus lah rubiyah sira | kinèn andhulêng ojrate | marang (n)Jêng Kyai Sêpuh | Ni Palangi matur ing laki | kawula pan sumangga | tan lêngganèng tuduh | Ki Adimuncar lingira | lah nakbagus Sèh Modang sira kêntrungi | ing ngriku pra nom-noman ||

702. Sinom

1. Kae Sèh Modang agêpah | nampèni trêbangirèki | pinangkyèng dhêngkul ginêmbyang | laju lêkas bawa singir | angêlik swara manis | laila hal-balalahu | Mukamad RasullolohRasullolah. | tinampan sakèhing santri | jalu èstri arêmpêg sajake padha ||

2. Sarta trêbange gênturan | bêbanggèn lan kêntrungnèki | tung-pyêg tung-pyêg dhung-dhung dhung-brang | pong-pêg pong-pêg tong-ting tong-gring | sèlèh sauran nuli | Nimbok Pêlangi agupuh | ngadêg andhulêng ojrat | anglik swara rum amanis | rêgas rênyah sêmbada lan singirira ||

3. Agampang wong asêmbahyang | nora angèl wong angaji | pakewuhe wong agêsang | angadu sukma lan jisim | tumpang susuping urip | akèh wong bisa calathu | jatine nora nana | lir wong dagang madu gêndhis | (ng)gih punika lampahe wong sarengatan ||

4. Lampahe wong tarekatan | atapa pucuking wukir | yèn lintang Sukma parênga | amati sajroning urip | dadya nganyutkên ragi | liwung tan ana kadulu | mulane amartapa | punjula samining jalmi | pan linêkas sêdyane ingkang manungsa ||

5. Lakune wong kakekatan | sabar lila ing donyèki | saksêrik datan kaetang | wus mêlok-mêlok kaèksi | raras ta dadi jati | ingkang jati dadi suwung | suh§ Prayoginipun / swuh /. sirna dadya ilang | jalma mulya dadya jati |

--- 12 : 110 ---

pan wus pathi§ Prayoginipun / pasthi /. ing têmbe manggih raharja ||

6. Iku sukmanên ing driya | atasêna jroning ati | kang aran Ni Simalalah | iku sira aja lali | aja pêgat ningali | maring Hyang Kang Mahaluhur | lir tinulis ing êmas | lan kiyal ciptaning ati | kang pinanthêng ing tingal isim talalah ||§ Prayoginipun / malalah /.

7. Yèn wus têtêp jroning driya | awasêna dèn-kaliling | aja kaliru ing tampa | isim malalah puniku | ya ati sanubari | kalairing tulis iku | aja liyannya dhawak | ing sapangat aywa lali | ngadêg lungguh yèn taturon tingalana ||

8. Yèn dalu kalawan siyang | ngrasa-a jisimirèki | angrasa-a lawan Sukma | dèn-èngêt sajroning ati | aywa lali Hyang Widdhi | ing siyang kalawan dalu | aja anyipta dhawak | dhingin mangke tan pribadi | donya kerat pasthi kalawan Hyang Sukma ||

9. Dèn-sami angawruhana | bisa§ Prayoginipun / basa /. wirasaning tulis | sampun katungkul pralambang | dèn-sami wruhira maning§ Prayoginipun / maring /. | tulis ingkang agupit | kang bangsa Pangeran Agung | kang nama ing manungsa | olèh jênêng wali mukmin | ingaranan wong mukmin ingkang sampurna ||

10. Wontên ingkang kawarna-a | kang ngèlmu kawan prakawis | kang kinarya ing kidungan | sarengat ingkang rumiyin | tarekat kaping kalih | kakekat ping tiganipun | kaping pate makripat | lohate dèn-sisindhèni | Lonthang-lonthang Ni Lonthang sulur kambangan ||

11. Wira-wiri wong sarengat | ngulari Sukma kang jati | kaping kalih Lonthang-lonthang | sulure babon upami | wong tarekat nalitik | ngulari Sukma kang luhung | ana Lonthang ping tiga | si Lonthang suluring kambing | lêmpe-lêmpe ngulari Sukma kang mulya ||

12. Iku lampahe tarekat | ana Lonthang-lonthang malih | si Lonthang [Lon...]

--- 12 : 111 ---

[...thang] suluring banyak | wus jangkêp kawan prakawis | wong makripat upami | apan niyat lêngur-lêngur | marma ingkang makripat | tansah lêngur-lêngur nênggih | wus kapanggih kalawan jatining Sukma ||

13. Wus dangu antaranira | Pêlangi dènnira singir | sinêsêg iramanira | gumuruh trêbang swara tri | ngandhêlong dèn-salahi | suwuk salawat ping têlu | bung-bung-bung sèlèh trêbang | aso samya ngaring-aring | sarwi kinèn ngalap nyanyamikanira ||

14. Sira Kae Adimuncar | pangandikanira aris | mêdhar rasaning wirayat | nokiling Dalil lan Kadis | mring Kae Arsèngbudi | singgih yayi wontên kawruh | turunning pamanggiyanpamanggihan. | satuhu-tahunesatuhu-tuhune. yayi | ing agêsang rasa wajib kinawruhan ||

15. Babipun kang nêm prakara | kang dhingin cahya kang mijil | ingkang saking awakira | lir pendah êbun warnèki | jroning (m)bun malèkati | kadya mega paminipun | anèng jroning malèkat | puniku ujaring wardi§ Prayoginipun / warti /. | wontên malih cahya mêdal saking lanang ||

16. Langkung kabagusanira | kadya kikilat ingèksi | nèng sajroning kajatmikan | praptanira angêgèti | lir gêlap swaranèki | lesannira mijil latu | kalawan netranira | aywa pagêpokan yayi | rêncanane pati yayi dèn-prayitna ||

17. Ping tri malih cahya mêdal | ingkang wilis saking dhiri | ana paksi kadya naga | amibêr warnanya putih | lir kuda lampahnèki | yèn burak pangakunipun | aywa yayi pracaya | sami rêncananing pati | kang kaèksan marga ingkang luwih sasar ||

18. Kaping pat kang katingalan | jalma asigid awingit | lir andaru mawa jwala | pan sarwa luwih sinakti | ywa pagêpokan yayi | tunggal rêncananing lampus | ping lima kang katingal | pêpêtêng lwih anglimputi | jroning pêtêng ana sarambut salêmbar ||

19. Wajib kang tyas sinuciyan | kaping nêm cahya kang mijil | kadi kayu anyêkakah | kang nèng sorring oyot singgih | sastra

--- 12 : 112 ---

mualak yayi | papasthèn dungkap ing ngriku | yèku anaksèkêna | lawan mubaraming Widdhi | yèn wus pagut tuwin mualak mubaram ||

20. Yèku wajibing paningal | wus sidik amanat tablig | doh gidib kiyanat kikmat | muslimi ênggon sawiji | sampurnaning kadadin | pratandha cihnaning ngriku | wontên malih rinasa | paran gyantaraga iki | kang supadi pasrah ing raga sampurna ||

21. Masjid kang samar punika | pajimataning pra wali | pangucap kita sarengat | tarekat pamyarsa-mami | hakekat tingal-mami | makripat pangambu-ningsun | yayi lamun tan wruha | ing pati kalawan urip | pêrlu wruhing gêsang wajib wruh ing pêjah ||

22. Kang winusmaning Hyang Sukma | pon Sukma dhawakirèki | pundi sajatining Sukma | kang ingupamakkên singgih | kula§ Prayoginipun / kwula /. kalawan Gusti | ujare puniku jumbuh | kula§ prayoginipun / kwula /. ingaran Sukma | Suksma ingaran kulèki§ Prayoginipun / kwulèki /. | kadipundi yayi kajatèyanira ||

23. Ingkang tan lawan upama | kang pasthi muntalèknèki | Ki Cariksutra turira | sumangga kakang Kiyai | kewala ngong umiring | mangsa lyanna kang pamangguh | rêke kang padungkapan | tan kenging rinêbat ing ngling | bokmanawa lir caritaning dhadhalang ||

24. Yaksa nujuming alêngka | duk paduta wre Maruti | nginginte mring gêdhong taman | papaumaning rasêksi | lagya gunêm satra-disastra-di. | palêpasanirèng kawruh | ing pati manggih swarga | wus bipraya pra winêgig | wontên ingkang salaya asalah sabda ||

25. Adhadhag saking jalaran | pradondi arêbut yêkti | samya wawan-wawan ujar | ngugêm pakême pribadi | kabangan liru pikir | ditya bramantya toh martyu | purwakanira gama | rarasan gama mulya-di | ngadu gama wêkasan ngadu gagaman ||

26. Têmah dadya pipisahan | tuju wontên kang ngrarapih | gumuyu Ki Adimuncar | mangsa makatêna yayi | sêtun benjang sakêdhik |

--- 12 : 113 ---

pedah ngancak budinipun | (n)dadèkakkên(n)dadèkakên. graita | muwuhi lêpasing kapti | prayogi kang salaya mindhak utama ||

27. Kadi-punêndi anakmas | Ke jêlèngjêbèng. Mangunarsèki | mungguh lêlawêdanira | ngèlmu rasa kang sajati | patitising kadadin | ing urip tumêkèng maut | ingkang tanpa karana | ibarat kewala mati | kang sajati wus tan na ngaranni pêjah ||

28. Kewala ngalih panggènan | basa kang punika singgih | lêlèjême kajatèyan | sira ngagêsang puniki | Ki Sèh Mangunarsèki | alono dènnira matur§ Prayoginipun / alon dènnira umatur /. | mangsa borong sumangga | ing paduka amalimping | rèhning ngèlmi rungsit tan kenging ginanal ||

29. Sasêngkêraning oliya | rarasan roroning tunggil | upami kasa bantala | bumi ingaranan langit | langit ngaranan bumi | dene sangêt salang sêngguh | wa-punika sumangga | waspadèng wangsulaniki§ Prayoginipun / wangsulanèki /. | sajatine bumi punika akasa ||

30. Jatining langit pan kisma | samanya kadi-punêndi | lêlèjêming rasa sabda | kang sinumpan§ Prayoginipun / sinimpên / ? ing Otadi | kula§ Prayoginipun / kwula /. kalawan Gusti | botên wontên bèntênipun | tan pae pinèkannya | kajumbuhaning kajatin | punika kang rinêmpit para nujêmba ||Pada naskah asli salah penulisan nomor (tercetak no.: 31).

31. Inginte dalu lan siyang | pagute kawula Gusti | rahipun Gusti tan kula§ Prayoginipun / kwula /. | tuwin tan kula§ Prayoginipun / kula /. Gusti |Kurang satu suku kata: tuwin tan kawula Gusti. yèn parêng andungkapi | singgih kajumbuhanipun | luluh kalihe purna | brastha wus tan maujudi | kula§ Prayoginipun / kwula /. Gusti Jumnèng wus tan kawistara ||Pada naskah asli salah penulisan nomor (tercetak no. 32).

32. Sinênêt anèng ing driya | winangwang sajroning cêrmin | paesan cahya jatmika | ing makamilèn sajati | kasucyaning sajati | ahyan-sabitah ing ngriku | lan ahyan karijiyah | makatên sênêting urip | lawan sasênêtaning pati punika ||

33. Ingkang ingupamakêna | ngagêsang kalawan pati | jumbuhing Gusti kawula | kang urip sawiji pati | pati sawiji urip | urip kawruh

--- 12 : 114 ---

patinipun | pati kang manggih gêsang | dadya tan kula§ Prayoginipun / kwula /. tan Gusti | inggih Gusti ya kula§ Prayoginipun / kwula /. dhawakira ||Kurang satu suku kata: inggih Gusti ya kawula dhawakira.

34. Waktu ing dina nalika | jumaating para wali | anèng ing jaman kanêngan | amati sajroning urip | uripe wujud pati | pati patitising kalbu | kabule kablotama | karamat sihirèng Widdhi | kang tan cambor kalawan ngamdi kawula ||

35. Wiji-wijining priyangga | ring sira Pangeran jati | kajatmikaning sanetya | sasuta sasipta yêkti | anging cêgah inangling | anyatur wuwus kang uwus | wiraos tanpa karya | malah mandar antuk sêrik | sabab bakal angèl datan kinawruhan ||

36. Wontên tambanging wirayat | lid raosing Dalil Kadis | Ywang Agung akarya swarga | walmanna tupil pirdosi | bil-jabul minannari | pil willulli dalikaksu | wa minannar welulla | bil jabul janat pirdosi | cinarita jroning swarga wontên swarga ||

37. Ananing swaga punika | ing kijannara kajakim | nênggih sajroning naraka | pan wontên naraka malih | singgih makotên ugi | naraka kijab swarga kung§ Prayoginipun / gung /. | tanasube kang swarga | nèng jatining narakèki | kang naraka anèng jatining sawarga ||

38. Wong kang sinung ahli swarga | tawêkal sukur lêstari | ngambah tirahing naraka | ngêningkên tyas kang sak-sêrik | têmah manjing swarga di | makatên malih kang sinung | kêkêl anèng naraka | swarga katingal rumiyin | bungah-bungah ngambah sumêngah bidêngah ||

39. Katêmbèn myat kaendahan | mimilih ingkang dèn-(ng)gonni | kaya-kaya tumuliya | anèng sawarga kang adi | de sampun dèn-lintangi | têmah tibèng naraka gung | samantên malih tekad | tan wruh (m)bok angèling urip | ing têkaburi pakewuh ginagampang ||

40. Mêmpêng mampang mumpung dira | bahyane tan dèn-kawruhi | marma kang para wus tama | wrat angèl kang dipun-budi | beda badan-kitèki | kur kewala mara kalbu | niyate tan tumêka | marang

--- 12 : 115 ---

marganing kadadin | dadya datan nganjat padungkapanira ||

41. Naraka ingkang minangka | cobaning Hyang Maha Sukci | sintên sawijining kula | tawêkal nangga prihatin | papanasing kang dadi | sor panasing agni murub | tinumama ing manah | manuh-munah anggêsêngi | sukasukur mrih mati sajroning gêsang ||

42. Tan rasa wrating sarakat | sudra papa ing ngapapin | sakèhing panca-bancana | tampêking panas tan§ Prayoginipun / lan /. pêrih | lir pendah wonging§ Prayoginipun / wohing /. dami | dadya wos gya ginalêpung | kèh babaring kadadyan | tan mèmpêr warnaning nguni | wus binedakakên ing Hyang Maha Mulya ||

43. Sabab wus têkèng kasidan | (n)dungkap babaring kajatin | tumêka ingkang sinêdya | sacipta tan kaping kalih | winusman ing Hyang Widdhi | tan na tyas sak-sêrikipun | wahyu bangsa oliya | wiwinih asih ing Widdhi | sakalangkung asru subrataning Sukma ||

44. Lagyèng tadhah rajah tamah | ngênirkên salir donyèki | tan ana kang winikalpa | singsal pingiling kal mingsil | ingkang makatên ugi | abangsa gomulralimun(?) | wus man ing jalmotama | papa cipta rahmat-jati | tan kacambor lyan ing Hyang Kang Maha Mulya ||

45. Sira Ki Sèh Adimuncar | myarsa sabda rasa rêmpit | winêdhar ring kajatèyan | -nira kang ngèlmu ginaib | sasurasaning ngèlmi | sadaya tanggaping kalbu | asukur suka rêna | marang Sèh Mangunarsèki | Adimuncar ngrasa kasoran ing driya ||

46. Pupuji angalêmbana | kawruh wus ambêg Otadi | taruna ing§ Prayoginipun / nging /. ambêk-tuwa | datan mangang ing pandalih | wau wancining ratri | sêdhêng wus anggagat bangun | Kae Sèh Adimuncar | alon ngandika mring rabi | lah wus sira rubiyah ngukus-ngukusa ||

47. Karya nadhah sèsèmèkan | mupung sih awaling enjing | kang

--- 12 : 116 ---

garwa matur sandika | bêbêthak karya sasaji | anganor angling malih | maring Sèh Mangunarsèku | Kae jêbèng sumangga | sami awêktu mring masjid | mupung maksih awal utama sêmbahyang ||

48. Dhangan ingkang ingancaran | kang pra tamu jalu èstri | samya mijil mring pahèran | wusnya dènnira susuci | malbèng masjid gêng sami | ing wêktu salat Subuh |Kurang satu suku kata: ing wêktu asalat Subuh. Mangunarsa ngancaran | majêng kinèn angimami | Mangunarsa mangarsa ngimami salat ||

49. Aniyat usalinira | eklas tyas tibaning takbir | nyamlêng pangagêngannira | pendah gong tinabuh muni | jênggunge tan sarênti | parêng lan panabuhipun | unine tan katingal | srining uni tan kakalih | panglêpasing munya sru panglamat sirna ||

50. Wus andadèkkên niyat |Kurang satu suku kata: Wus andadèkakên niyat. kasdu takrulira takyin | patitis tibaning ikram | mirit munajat tubadil | ing ênêngira êning | munggah kajatèyanipun | angucap tanpa lesan | gumanti tanpa milihi | tarki wus tanajul wajah lan istitah ||

51. Langkung pasèkat kir'atnya | sawusing Patekahnèki | wacan Surat Idaja-a | dêg rêkangat ingkang akir | [...] |Kurang satu baris: 7i. sawusing Patekahipun | wawacan surat Kasar§ = Al-Kautsar. | adêge wus dèn-Kunuti | têkèng tahyat akir salam nulya bakda ||

52. Laju pupujiyanira | adikir suhuling Widdhi | anumpa donga utama | amine dipun-nasibi | purna bakda anuli | sasalaman sadaya wus | santri mudhun bubaran | saking masjid jalu èstri | Kae Adimuncar ngling mring santrinira ||

53. Hèh Samurca amundhuta | sugata sarapan enjing | iya maring nyainira | kang liningan mentar aglis | mundhut sêkul sasaji | Nikèn rubiyah agupuh | anuduh pawongira | kerit rampadan mangarsi | wus tinata sangkêp ulame mawarna ||

54. Ki Adimuncar ris nabda | suwawi ngriku awijik | sasarap mumpung aenjang | ingkang ngacaranan gipih | (n)dan lêkas samya bukti | panadhahira pakantuk | antara dangunira | anutug kang samya bukti | aluwaran ambêngira cinarikan ||

--- 12 : 117 ---

55. Sinungkên pamburinira | pinarucah wus waradin | sadaya tan ana kurang | gêng alit jalu lan èstri | wusnya dènnira bukti | Ki Adimuncar amuwus | marang ing garwanira | sira dèn-abêcik kari | ngong tan kêna binastu enggal lawasnya ||

56. Aywowah kêndhurinira | Jumuwahane mring masjid | santri myang magêrsarinya | pardinên salat mring masjid | ing waktu aywa kongsi | muadah Jumungahipun | garwa matur sandika | Adimuncar angling malih | yayi Arundarsa lah sira mèluwa ||

57. Iya ing salakuningwang | maring ing Wanamartèki | titinjo kang Arundaya | Kae Bayi Panurtèki | ngong tan anggawa santri | amung si Samurca iku | kang rayi aturira | inggih tan lênggana kami | Kae Adimuncar malih angandika ||

58. Lah Ke yayi Arsèngdriya | sêdhênge mupung sih ratri | umangkat mahawèng marga | sadaya umatur aris | singgih langkung utami | ing karsa tumuntênipun | sukur Alkamdulilah | paduka karsa lumaris | samadaya suka nut sukuring lampah ||

703. Pangkur

1. Yata Kae Adimuncar | angandika lah ya wus payo yayi | umangkat mupung êsuk |Kurang satu suku kata: umangkat mupung aesuk. amrih ayêming lampah | (n)dan umangkat saking pêlungguhanipun | maksih rêm-rêm saput lêmah | bakda Subuh dènnya laris ||

2. Tumurun nut padhadhahan | mijil saking padhukuhanirèki | gumrah swaraning kang sawung | wancining mudhun sata | anjog palêmparan sasabinahipunsasabinanipun. | nabrang lèpèn Pajambanan | nètèr iringing palêstrin ||

3. Sira Kae Adimuncar | Arundarsa lawan Ki Arsèngbudi | miwah Ki CariklsutrèkuCariksutrèku. | Kae Sèh Malangkarsa | Ki Sèh Mangunarsa Anggungrimangipun | Jayèngrêsmi Jayèngraga | Piturun Parimintèki ||

4. Sèh Modang myang pra waela | Ni Turida lan Nikèn Rarasati | Rancangkapti malihipun | Palangi lan Wilapa | Ni Cênthini miwah para santrinipun | Ki Monthèl lan Basariman | Samurca

--- 12 : 118 ---

Sêtradrêmèki ||

5. Santri Putih Imansêca | Jatingarang sadaya kang lumaris | dadya salawe puniku | sri swaraning ngenjingan | paksi baranjangan manyar munya luhur | cingcingguling cuwiyunan | dhèdhècu lawan srigunting ||

6. Cacangak gagak lan êngkak | bango-buthak cabak lan tuhu kolik | pêrkutut putêr drêkuku | pêtuking sawatara | jagigèran munggèng sawining patalun | sringing jangkrik-bêring jongkang | mrak manguwuh nyangungongi ||

7. Lir tatanya parannira | baya marang ngêndi ingkang pinurih | kêlayu mring dhayohipun | iku kang padha mentar | asih têmên mring mitrane Kae Guru | lir tunggil sayayahrena | gêmak wêlung lir nauri ||

8. Lah ya iku wruhanira | marang Wanamarta Wirasabèki | saking drêngira wulangun | brata subratèng mitra | lawan Kae Guru Bayi Panurtèku | tumuturing sutanira | Jayèngrêsmi Jayèngragi ||

9. Kang mêntas andon lalana | matiraga anrang sucining kapti | lawase mung limang ungsum | midik nèng Wanantaka | mangkya samya lan rabinira yun mantuk | mring karajan Wanamarta | wulanguning sudarmèki ||

10. Marma iku pra ngulama | samya tumut saking gêng trêsnanèki | blêg-tupuk lir nambung wuwus | lah yan-yanane uga | yèn lawasa dènnya tinjo iya patut | saking sih siniyanira | lan Ke Bayi Panurtèki ||

11. Kadya mangkana isthanya | yata ingkang samya mahawèng margi | napak pagalênganipun | lumintang pasabinan | nganjat ara-ara palunguranipun | wijiling Hyang Andakara | muryani sèsining bumi ||

12. Wus lêpas ing lampahira | manjing wana tumuruning jurang trêbis | parang rong curi aparung | sumêngkèng pagênêngan | pakêtêban ing wrêksa gung wana sêpuh | têpung têpang pagêrotan | ambêngak§ Prayoginipun / ambêngok /. sru swaranyanjrit ||

--- 12 : 119 ---

13. Barung sumraking cêmara | myang kriciking wuluh mring ori anggrit | ingan wuwang angalurung | grêng gênging wanawasa | ron kapusus ing braja sru kumarutuk§ Prayoginipun / kumarutug /. | pang sêmpal kaprapal singsal | sakol-êkol tibèng siti ||

14. Kumrutuk§ Prayoginipun / kumrutug /. lir tinutuhan | kwèh sabawanira jroning wanadri | sato kewan kèh kadulu | jajawi singandaka | kidang kancil manjangan maesandanu | uwa-uwa warangutan | ana mong malayu wingwrin ||

15. Madal pang rêbut tuntungan | nêbas milar ngalih panggonan mêncit | wau ta ingkang lumaku | sakenjing anrang lampah | lingsir surya wus pidak-ro wancinipun | anon tirta ing lwah jurang | lumirap kadulu wêning ||

16. Kasongan lêmpènging jurang | kinayoman karoya lan sulastri | miwah wrêksa rêjasa gung | alon asri kawuryan | kadya amêmengin raryyan kang lumaku | supadi mari katoran | rêrêp ulah pangabêkti ||

17. Kapadhan sasmitanira | kang lumampah sumêdya raryyan sami | parlu dènnya amrih waktu | angampiri talaga | pinujune pitulung amanggih ranu | samya tumurun ing lêbak | prapta amahèr-astuti ||

18. Mimilih (ng)gyan kang malatar | anèng sela kumalasa miranti | wusira mèt toya wulu | nulya ngangkat sêmbahyang | pra waela ambabar mukênanipun | amakmum marang ing priya | Mangunarsa angimami ||

19. Wus antara dènnya salat | bakda Luhur paragat dènnya bêkti | sasalaman sadayèku | ngasokkên angganira | santri ngudhar-udhar pagendhonganipun | sêkul ulam nyanyamikan | sinaosakên nèng ngarsi ||

20. Pra priya lan pra waela | ingancaran samya akêmbul bukti | toyèng kalkun wus nèng ngayun | sarêng dènnira dhahar | wus

--- 12 : 120 ---

antara nutug tan pati pakantuk | luwaran gya cinarikan | sinungakên ing pamburi ||

21. Warata tan ana kurang | nutug tuwuk pra santri dènnya bukti | ênting sadayanira wus | miwah nyamikanira | samya ngalap jalwèstri sasênêngipun | rêrêm dènnira araryyan | Ki Adimuncar ngling aris ||

22. Inggih yayi Arsèngdriya | ngaralipun kawulaning Hyang Widdhi | wong malbèng jroning wana gung | prabeda wong nèng wisma | apan dudu kaote tikêl sapuluh | nèng wana nir kawanènnya | nang wisma tan mutawatir ||

23. Punapi ingkang amawa | de tan beda siyang ratri sayêkti | miwah padhang pêtêngipun | mêlèk netra pan sama | mung gêrah lan atis tan na bedanipun | puniku kadi punapa | Ki Arsèngbudi ngling aris ||

24. Wadhaganipun kewala | dènnira jrih nèng sajroning wanadri | sabab pisah jinisipun | lamun ta pribadiya | ing saênggonnipun tyasira tan purun | beda kang parêk lan rowang | tyas suka tan mutawatir ||

25. Punapinggih wus mukayan | nakmas Kae jêbèng Mangunarsèki | paran (ng)gih makatênipun | Mangunarsa ris nabda | kadi-kadi lêrês ngling paduka ngumum | nging ngumuming wong jaman ngam | yèn tan rinaosing ngèlmi ||

26. Kang jaman jalma utama | datan ayun parêk maring sasami | tyasira langkung tan sukur | cipta jrih myating kathah | lamun kawistarèng janma datan kudu | kang dadya pirênanira | mimisah ngungsèkkên dhiri ||

27. Datan amiliya papan | ing saênggon-ênggonnira pribadi | suka sukuring asamun | sunaring pribadinya | ngudi-udi mring lawan piyambakipun | muhung ing sira Pangeran | subrangta amati-ragi ||

28. Mati sajroning agêsang | apan lumuh kasaksèn ing sasami |

--- 12 : 121 ---

singgih janma kang puniku | susunguting oliya | sênêt anèng kaelokan jatinipun | kang winusman ing Hyang Sukma | wiji pinijiyèng Widdhi ||

29. Bènèh luwèh kèhing titah | kang puniku sêmune wong kang siji | mumuji priyangganipun | mangeran ing dhawaknya | tan angloro Pangeran pandêlêngipun | makatên lêlèjêmira | pangandikane (n)Jêng Kyai ||

30. Gumuyu Ki Adimuncar | nora majas sumurupaning angling | nak jêbèng Mangunarsèku | wus winahyu ing sabda | ing sasmita tan inang pasêmonipun | bisa wèh waluyaning tyas | tan mumucung ing sasami ||