Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

708. Dhandhanggula

1. Tan cinatur kang dinutèng margi | kang kocapa krajan Wanamarta | Kae Bayi Panurtane | pan maksih rumbu-rumbu | lagya sênggang grahira kêdhik | wus catur madya wulan | dènnira angukut | ingadhêp pra arinira | Ki Suwarja Wiradhustha lan Panukmi | Panamar Kulawirya ||

2. Ki Jumêna Jêmpina Sêmbagi | Ki Lawatan Malangbong Lipura | Pangulu Basarodine | sadaya anèng ngayun | miwah garwa Nikèn Malarsih | Sumbaling lan Ni Daya | tansah anèng ngayun | Ki Suwarja lon lingira | kadipundi kakang-bok grahe (n)Jêng Kyai | paran wontên sênggangnya ||

--- 12 : 148 ---

3. Alon nauri Nikèn Malarsih | iya ana sênggange sakira | duk wingine wit sênggange | saprene datan rukut | mêndha dènnya apanas êtis | kang dadya jalarannya | iya mundhut rucuh | pêpêdhêsan rujak lumpang | kang kinarsan rucuh kluthuk babal cêngkir | kaduk asêm pêdhêsnya ||

4. Sun-palangi tan kêna pinênging | maksa bae kudu nadhah rujak | sapiring mêlêb (n)tèk dhewe | tan ana sisanipun | marmèng sun yèn muwuhi sakit | dadya kadya tatamba | rujak lir dhudhukun | rong wêngi rong dina nora | angop rumab pra nari umatur aris | kadya lajêng mulyanya ||

5. Ki Kulawirya angguguyoni | kados lamun lajêng asakeca | (n)Jêng Kiyai ing gêrahe | sampun kang gêrah wau | kula ingkang barêgas wiris | myarsakkên rujak lumpang | ngumêcêr ing idu | mundhak kêpengin angrujak | wong warasan wuwuh waras anyêgêri | cês ngilêr idunira ||

6. Ginaguyu pra kadangirèki | Nikèn Malarsih gumuyu mojar | lagi wong caturan bae | sira iku angilu | tarècèsan lir lare cilik | ambakna wong penginan | kêbangêtèn iku | Ki Bayi mèsêm ngandika | cilik mula yèn adhimu si Wuragil | doyanane rujakan ||

7. Nora etung wayah rina wêngi | bêdhug têlu bakda Subuh ngrujak | yèn awan lingsir srêngenge | wong wus luput ing sêmbur | nora lumrah angluluwihi | sadhengah kang pinangan | nganggo tawa amung | sabên iku mangsa rujak | nora nganggo tawa maring anak rabi | êntèk tan nganggo sisa ||

8. Samya gumuyu kang para ari | langkung lêga tyasira anyana | kang raka laju sênggange | Ki Bayi ris amuwus | wong wus tuwa mono yèn sakit | tan liya kang karasa | mung parêk ing kubur | kewala anyipta ngajal | arah kumambang ing pasthi karsaning Widdhi |Lebih satu suku kata: rah kumambang ing pasthi karsaning Widdhi. kagunganing Pangeran ||

9. Anging yèn ta kêna-a pinuji | nadyan kinarsaning ajalingwang | muga pinarêngna rêke | andulu marang sunu | kang samya nis salah sawiji | lamun tan mangkono-a | tansah dadya kalbu | prasasat tanpa tuduhan | woding pati awit panggrantêsing

--- 12 : 149 ---

kapti | tan wun papa ngakerat ||

10. Sadaya samya angrês ing galih | myarsa linge Ki Bayi Panurta | pra kadang kulawangsane | kèndêl samya wêtu luh | ketang dènnya awlas ningali | Nikèn Malarsih saya | marawayan kang luh | kathah kagagas ing driya | datan mulat ing suta jalu lan èstri | salah sawijinira ||

11. Tan antara kang lagya tyas kingkin | pan kasaru santri Luci prapta | umatur nèng paningrate | amba ngaturi wêruh | punika pun Nuripin prapti | lan santri Monthèl kadya | wontên kang ngautus§ Prayoginipun / angutus /. | Ke Bayi kagyat lingira | timbalana dèn-age Monthèl Nuripin | baya iya dinuta ||

12. Samya enggar sadaya kang galih | kang liningan Luci sigra mentar | nimbali Nuripin Monthèl | pangguh anèng ing pintu | lah suwawi adhi Nuripin | kalihe tinimbalan | mring ngarsa dèn-gupuh | Ki Luci arêrangkulan | lan Ki Monthèl Luci ngling (n)dika lujêng dhi | lujêng dhi lujêng (n)dika ||

13. Monthèl angling kang inggih kang inggih | Nuripin mojar ih nora jamak | smakeyan kang duwe ipe | (m)bagèkkên sungsun-sungsun | padha dene kang anauri | kaya wong nêmpur bêras | dhocêng mèlu payu | wawita êmpun dèn enggal | (n)dadak rêrangkulan nora uwis-uwis | kasuwèn yèn dinukan ||

14. Nulya samya kerit maring ngarsi | prapta samya nêmbah atur salam | miwah maring sadayane | binagyan kinèn lungguh | wusnya tata wong ro alinggih | Nuripin aturira | kawula ingutus | ing putranta Jayasmara | Jayèngraga lan garwa samya sung bêkti | katura ing paduka ||

15. Yèn ing mangke putra-dalêm kalih | lan kang garwa saking palêlanan | wus samya prapta samangke | akathah kang tut-pungkur | pra pandhita jalu lan èstri | myang santri kulawangsa | tiyang gangsal-likur | ing mangkya karsa araryyan | anèng ing pawisman-kawula saratri | dhukuh-dalêm

--- 12 : 150 ---

Pagutan ||

16. Kados mangke praptanya mariki | sira wau Ke Bayi Panurta | langkung cumêplong galihe | lawan sadayanipun | samya suka sukuring galih | Ni Malarsih karuna | myarsa aturipun | ngandika sarwi udrasa | dhuh sutèngsun êndi rupane kang prapta | sêlak yun-yunên ingwang ||

17. Kae Bayi Panurta lingnya ris | (m)bok dèn sarèh kewala tyasira | cinging têmên sira Nikèn | mêngko rinêmbug patut | sabab sutanira praptèki | nora prapta priyangga | akèh kang tut-pungkur | jare padha pra pandhita | wajib kurmat marang ingkang sêdya prapti | malah mandar ngruktiya ||

18. Pasugatèng tamu kang prayogi | lêjar kang garwa sinabdèng raka | Ke Bayi ngandika manèh | ngrasa waras wakingsun | wus tan ana kang ngrasa sakit | pra ari aturira | mugi kang saèstu | putranta kalih kang prapta | aprasasat punika dadya usadi | anyarasakên lara ||

19. Anauri kaya iya ugi | pulunanira dadi tatamba | sih pitulunging Hyang rêke | alon malih amuwus | sapa pandhitane kang prapti | Nuripin aturira | kasupèn tan emut | ngriku dhi Monthèl matura | ing (n)Jêng Kyai (n)dika kang radi pratitispatitis. | wruh saking ngrika mula ||

20. Kae Bayi Panurta nglingnya ris | iya sira Monthèl umatura | sapa kabèh pandhitane | santri Monthèl umatur | pra pandhita ingkang umiring | ing lampahe putranta | pan sadayanipun | rinta Kae Adimuncar | lawan rayi andika Ki Arsèngbudi | lawan Ki Cariksutra ||

21. Rinta Arundarsa lawan malih | putra tuwan Ki Sèh Malangkarsa | tuwin Sèh Mangunarsane | kalawan malihipun | Anggungrimang kapitunèki | lan mitra kulawangsa | kang sami tumutur | Sèh Modang Sèh Pariminta | Ki Piturun kalawan Ki Palakarti | pitu pawong santrinya ||

22. Pra waelanipun kawansiki | rubiyahira Ki Cariksutra | Nikèn Wilapa wastane | kalawan garwanipun | Anggungrimang Ni

--- 12 : 151 ---

Rancangkapti | lan rabinya Sèh Modang | (m)bok Plangi rannipun | Cênthini sakawannira | kang punika marma arinta pra sami | umarêk ing paduka ||

23. Andhatêngkên sih wulangunnèki | saking dahat rumêsêping driya | sabipraya ing ngunine | dadya mangke tumutur | ing salampah putranta mulih | angkating saking prênah | Wanantaka dhukuh | kang anguntap parah-paran§ Prayoginipun / paran-paran /. | mung kaèKae. Sèh Mangunarsa lan kang rayi | Rancangkapti Gungrimang ||

24. Jasad-kawula lawan Cênthini | Ki Piturun Palakarti ingkang | anganutkên ing lampahe | kang kinampiran laju | sadaya punika sami |Kurang satu suku kata: pan sadaya punika sami. prapta narèhkên lampah | anèng wismanipun | Ki Nuripin ing Pagutan | enjingipun kawula kinèn tur uning | dhumatêng ing paduka ||

25. Kae Bayi angandika aris | dene panuju pangampirannya | tan kalintang sasikine | Ki Kulawirya matur | jamak mangkene wong tinuding | dadi wong amicara | lir Monthèl puniku | ature cêtha arata | aja kaya gêgabêre si Nuripin | nora pakra dinuta ||

26. Ting basèyol kaya ting barêndhil | dhasar pancèn wong nora micara | ature nganggo kasupèn | ragi kasupèn gêpluk | kayaimu ngapa si Ripin | digawe palawija | babo iku patut | tan kalêbu ing pakeyan | kajaba dikon angon bèbèk mring sabin | kambi amandhi sulak ||

27. Ki Nuripin tumungkuling ririh | kêmba uwang yèn nora (ng)gêgarap | maring wong moyoki bae | Ki Bayi mèsêm muwus | ya sabisa-bisanirèki | sabobote maningan | pilang-pilang tanduk | gumrah araling kawula | bênêr luput wah gingsir lali lan eling | gadhuhaning kawula ||

28. Ki Kulawirya anggrundêl ririh | andêlna yèn ngiloni santrinya | pan wus nora pilih wonge | bênêr luput winêngku | saking sihe maring ing santri | kaeKae. Bayi Panurta | alon dènnya muwus | lah

--- 12 : 152 ---

uwus Ripin matura | marang para ngulama kang sêdya prapti | aturana dèn-agya ||

29. Mêngko manira anduta maring | wismannira ngaturi kang samya | sumêdya asih marang Ke | ingkang liningan gupuh | santri Monthèl lawan Nuripin | nêmbah lèngsèr sing ngarsa | karo gupuh-gupuh | Ke Bayi alon ngandika | yèn mangkono lah Kulawirya wong kuning | sira andhinginana ||

30. Mring Pagutan wismane Nuripin | aturana para mitranira | lan kapriye prayogane | mangsa bodhoa iku | ing patute pakurmat-mami | sarèhning kadhatêngan | ngulama linuhung | tur mitra saeka-kaptya | lan manira iku samya (n)dhatêngkên sih | -siniyaning agêsang ||

31. Samya umatur kang para ari | inggih sumangga karsa paduka | mrayogèkkên mring tamine | paran kang dadya kayun | kawula kang samya angrukti | Wuragil Kulawirya | alon nambung atur | kawula matur lumancang | lamun parêng ingkang karsa (n)Jêng Kiyai | papêthukan punika ||

32. Kawula kinèn mêthuk kariyin | mring Pagutan pinanggih sandika | rinta kakang sadayane | samya mêthukèng riku | nèng pêkên sarèrèyannèki | dèntên pra kalawangsakulawangsa. | amêthuka iku | anèng lèpèn lan pra lurah | santri-santri sadaya mêthuka sami | paduka aywa têbah ||

33. Lawan para sêpuh sadayèki | kewala nèng kori peregolanpêregolan. | Ki Bayi lon andikane | ya wus prayoga iku | rêmbugira mêthuk tatami | lah wus sira mangkata | mring Pagutan gupuh | nulya Kae Kulawirya | lèngsèr saking ngarsa sigra dènnya nuding | marang rèrèyanira ||

34. Angandika Kae Kyai Bayi | hèh Aluci sira nêmbêlèha | gudèl myang bèbèk ayame | pêdhèt tanapi wêdhus | sata biri kathik gulathik | aywa na kang kuciwa | sugataning tamu | santri Luci tur sandika | wau lampahira Ki Kulawiryèki | angirit pawongira ||

35. Myang rèrèyannira Jayèngrêsmi | wong sudagar miwah rèrèyannya | Jayèngraga wong cêngkunge | myang wong kang

--- 12 : 153 ---

bagoripun | samya ngiring mring Ki Wuragil | apan tigang rèrèyan | samyènggar kalangkung | umarêk lulurahira | ingkang lagya raryyan nèng Pagutan dèsi | wau ta lampahira ||

36. Santri Monthèl kalawan Nuripin | prapta ngarsanira Adimuncar | pra ngawirya sadayane | santri Monthèl umatur | amba sampun paduka tuding | mring krajan tur uninga | ing ramanta nêngguh | (n)Jêng Kyai Bayi Panurta | yèn paduka ing mangke wus karsa mulih | kèndêl anèng Pagutan ||

37. Tuwin angaturkên salamnèki | sadayanipun para ngawirya | winangsulan pasalame | ramanta sakalangkung | suka sukurira Hyang Widdhi | karsa nuduh pra kadang | myang kulawangsèku | tinata kang mêthuk lampah | kadi mangka wontên dutane (n)Jêng Kyai | ngaturi sadayanya ||

38. Wusnya umatur Monthèl Nuripin | tan adangu wau praptanira | Ki Ragil Kulawiryane | sadaya mingsêr lungguh | (n)jujug (ng)gyannya Ki Jayèngrêsmi | agupuh jawat-tangan | kang putra rinangkul | ingaras lungayanira | sinambrama sarwi binagyasmu tangis | kalihe ngêmu waspa ||

39. Winangsulan ing sabda basuki | nulya sung salam mring Jayèngraga | tan pae ararakêtane |Lebih satu suku kata: tan pae rarakêtane. wusnya kabantu lungguh | Jayèngrêsmi umatur aris | marang Ke Adimuncar | kang punika nêngguh | kadangipun (n)Jêng rakanta | gangsal kang nèm piyambak amuragili | pun paman Kulawirya ||

40. Samya mangarti§ Prayoginipun / mangarsi /. sadayanèki | Ki Kulawirya gupuh tur salam | sarta lawan pambagyane | winangsulan kramayu | langkung rahabira ing galih | luwaring patêkêman | malih salamipun | marang Kae Arsèngdriya | gantya salamira Ki Cariksutrèki | miwah mring Arundarsa ||

41. Myang salam mring Sèh Malangkarsèki | salam kalawan Sèh Mangunarsa | tuwin Sèh Anggungrimange | myang ming kulawangsèku | Ki Piturun lan Palakarti | miwah Sèh Pariminta |

--- 12 : 154 ---

mring Sèh Modang wau | sung bagya mring pra waela | Ni Turida Rarasati angsung bêkti | ring paman Kulawirya ||

42. Ingancaran pasugatèng enjing | Ki Wuragil angalap nyamikan | wedang myang papanganane | sarwi mèsêm amuwus | marang ingkang putra kakalih | wusira antaranya | manira tan wêruh | marang karone anakmas | yèn tumrapa lagi pasanakan mèksi | kaya pangling tumingal ||

43. Kongsi gong-gong anggane mikuni | jawane saking lamyandon-paran | Ki Jayèngrêsmi ature | apan inggih saèstu | lami paman datan udani | (n)dawêg kewala kadya | wontên gangsal taun | mèh sakêdhik pêndhak mangsa | Ki Wirya ngling malah ya wus pêndhak warsi | iba ing laminira ||

44. Ramanira kakang (n)Jêng Kiyai | kalangkung wulanguning driya |Kurang satu suku kata: sakalangkung wulanguning driya. dhasar wus rong sasi kiye | kongsi tan bisa lungguh | lagi rada andhèngèk thithik | lagi sênggang rong dina | nuli sira rawuh | anduta atur uninga | ambêngênggèngambêgènggèng. lir jajaka (n)Jêng Kiyai | mulya (n)dadak sakala ||

45. Kaya banjur sênggang (n)Jêng Kiyai | jalaran mulya saka ing sira | kadyantuk usada grahe | marma laju anuduh | mring manira laku ngong iki | dalah rèrèyannira | sarèrèyanamu | tyas samya lir punagiya | nora kongsi salin sabuk lan kulambi | lumayu dharakalan ||

46. Padha karêpe yun wruh sirèki | bêcik bêthèkên wong padha trêsna | Ki Jayèngrêsmi ature | miwah Jayèngragèku | apan inggih (ng)gihipun ugi | nulya ingawe samya | sadaya mangayun | rèrèyan wong sudagaran | samya nêmbah tur salam mring Jayèngrêsmi | miwah mring Jayèngraga ||

47. Miwah rèrèyanira pribadi | wong balantik panêgar lan dhalang | bagor badhur niyagane | samya akusung-kusung | dènnya yun wruh bandaranèki | samya lir punagiya | dènnira wulanganGuru lagu seharusnya: 6u, dènnira wulangun. | marang Kae Jayèngraga | para cêngkung myang kalulutira nguni | gagambyong ronggèng lanang ||

48. Samya nêmbah tur salamirèki | wus warata tan na kalintangan |

--- 12 : 155 ---

antara dangu nulya ge | Kulawirya umatur | marang Kae Dimuncar aris | lampah kula punika | dhapur dipun-utus | ing Kyai Bayi Panurta | wiyosipun kawula kinèn ngaturi | paduka mring karajan ||

49. Wanamarta sadayanirèki | sarênga ing salampah-kawula | rakanta sru pangtyan-tyane | ka-antu anèng pintu | saking dènnya amagut ing sih | wau Ki Adimuncar | alon dènnya muwus | singgih yayi Kulawirya | reyang tinimbalan ing kakang Kiyai | lan sagung pra ri putra ||

50. Singgih sumangga reyang umiring | lah suwawi yayi Arsèngdriya | lan yayi Cariksutrane | lan Sèh Malangkarsèku | Mangunarsa Gungrimang tuwin | ingkang para waela | tinimbalan laju | sadaya matur sumangga | sigra budhal lampahe kathah kang ngiring | mring krajan Wanamarta ||

51. Gumarêdêg lir ngarak pangantin | balabar nèng marga pasabinan | wong samya ingkang magawe | jalwèstri kang dèrèng wruh | apatakèn-tinakènapitakèn. sami | sapa kae ta baya | dèn-iring gumrudug | apa wong ngarak pangantyan | ana ingkang nauri iku kang prapti | Kae Sèh Amongraga ||

52. Lan kang garwa Tambangraras tuwin | Jayèngrêsmi lawan Jayèngraga | sagarwa myang Cênthinine | kang samya ndon ngalangut | maring pangumbaran wanadri | wus lawas mangkya prapta | pinapag ing laku | mangkana kang samya mojar | wong manca doh nuju papagan nèng margi | sumimpang ing dadalan ||

53. Gêgêdaban angêbêgi§ Prayoginipun / angêbêki /. margi | praptèng Kali Jamban pasabrangan | kang nèng pinggir lor kaline | wong kasêntanan mêthuk | myang pra lurah-lurahing santri | miwah wong kang niningal | jalu èstri agung | nèng gisik kali anjirab | samya sêdya tumingal kang lagya prapti | wau ta kang lumampah ||

54. Saking kidul akathah kang ngiring | nabrang kali gumrah karubyakankarubyukan. | lir gêrah kambah ing kèh |Kurang satu suku kata: lir gêrah kambah ing akèh. têkèng sabrang lèripun |

--- 12 : 156 ---

kapêthuk tur salamirèki | ngabêkti gantya-gantya | mring kang lagya rawuh | warata sadayanira | pra ngawirya dangu dènnya ananggapi | salame wong akathah ||

55. Sawusira santri atur bêkti | nulya laju wau lampahira | pra santri umiring kabèh | sêlur marga supênuh | lubèr ambèr maring ing sabin | padamèn sinasakan | ka-abyaging laku | (m)bêlasah dhadhahing sawah | lampahira praptèng anèng Pasar Paing | pra kadang kang nèng pasar ||

56. Ki Suwarja lan Wiradhusthèki | Ki Panukma lawan Ki Panamar | lan pra putranira kabèh | Gus Monot lan Gus Dawud | Bagus Kanji lan Gus Ngajuji | Gus Janawi Gus Imram | lan misananipun | Ki Malangbong lan Lawatan | Ki Ulangan Jagasatru Jagawèsthi | myang para rèrèyannya ||

57. Kae Jayèngrêsmi matur aris | punika pra kadange rakanta | sakawan myang pra putrane | gya Dimuncar lingnya rum | singgih Alkamdulilahi |Kurang satu suku kata: singgih Alkamdulilahimi. anulya Ki Suwarja | sakadangirèku | ramya gantya asung salam | anambrama winangsulan sabda yuning | sung salam mring kang putra ||

58. Jayèngrêsmi lawan Jayèngragi | pinêngkul-pêngkul mring kang para paman |Lebih satu suku kata: pinêngkul-pêngkul mring kang pra paman. èsmu waspa sadayane | saking dènnya wulangun | asih maring pulunannèki | wus kadya (ng)gènnya yoga | gantilaning kalbu | binagya putra ro nêmbah | miwah garwa Turida lan Rarasati | ngabêkti mring pra paman ||

59. Gantya pra putra misananèki | samya tur sêmbah mring pra pandhita | wus warata sadane |Kurang satu suku kata: wus warata sadayane. gya laju lampahipun | praptèng padhadhahanirèki | masuk ing pakarangan | jibêg wong (n)dudulu | aturun têpining dhadhah | nut tikunge magêr dabag glamit mirit | sabên lawang keringnya ||

60. Reka-reka pan sami pinipil | samya sinung bale parèrènan | sarta lawan padasane | lawan paguponipun | lumrah sabên kang lawang kori | sami ukir-ukiran | jor-jinoran patut | mangkana ingkang lumampah | sampun parêk kapisan ing kori jawi | Kae Bayi Panurta ||

--- 12 : 157 ---

61. Dangu lênggah nèng pantining§ Prayoginipun / têpining /. kori | lawan kang para sanak pituwa | Ki Sêmbagi Jumênane | Jêmpina lan Ki Sampur | Ki Balongsong Gonjongcêlari | Sêmangko Onggadhuwa | Ki Dhawuk Ki Lêngkur | lawan Ki Kêrtisêdana | (n)Jêng Kiyai Bayi Panurta duk mèksi | samya wawasan tingal ||

62. Kae Adimuncar Arsèngbudi | Cariksutra lawan Arundarsa | lawan Sèh Malangkarsane | lah Sèh Mangunarsèku | Anggungrimang myang sadayèki | parêng nguluki salam | Ki Bayi agupuh | kalawan kang para tuwa | angabuli ngalaekumu-salami | laju kering§ Prayoginipun / kerid /. lampahnya ||

63. Kae Bayi Panurta nèng ngarsi | ngirit kang para tatamunira | têkèng tritis pandhapane | Ke Bayi lingira rum | lah Bismilah lajua linggih | gupuh kang ingancaran | sadaya alungguh | tata atap ing pandhapa | adu dhêngkul para tamunira sami | tinêpungan pra kadang ||

64. Miwah para pituwa nambungi | kulawangsa lurah santri kapang | nulya Adimuncar age | nêmbah tur salamipun | rinahaban basa basuki | pênêt ing patêkêman | nor sungku-sinungku | luwar sasalamanira | gantya Arsèngbudi sung salam basuki | tan pinae rahabnya ||

65. Wusnya nulya Ki CariksutrakiCariksutrèki. | Arundarsa Ki Sèh Malangkarsa | Sèh Mangunarsa sawuse | Sèh Anggungrimangipun | Ki Piturun lan Palakarti | Sèh Modang Pariminta | sawuse pra tamu | nulya kang putra mangarsa | Jayèngrêsmi sarêng lan Ki Jayèngragi | nêmbah anguswa pada ||

66. Pajêngkuwanira kanan kering | kang putra rinangkul kalih pisan | Ki Bayèsmu-tangis linge | dhuh kulup sutaningsun | nora nyana sira ya mulih | bapakmu mèh pralaya | angantu sirèku | mêngko wus sinung mastara(?) | marang sira nadyan ana karsèng Widdhi | tyas-sun wus tan sumêlang ||

--- 12 : 158 ---

67. Ingkang samya myarsa ngrês ing galih | bela waspa tyas sami rumangsa | têpa-têpa sarirane | agung sutrêsna sunu | lir tan pae kadi Ki Bayi | kang putra kalihira | angaran§ Prayoginipun / ingaras /. kang êmbun | wus kulup padha lungguha | nulya ingkang putra kalih samya linggih | gantya kang pra waela ||

68. Nikèn Wilapa lan Rancangkapti | Nikèn Turida lan Rarasatya | Pêlangi lan Cênthinine | samya tur sêmbahipun | Kae RayiBayi. Panurta mèksi | kalangkung asihira | marang putra mantu | ingaras lungayanira | sarwi ngêmbêng waspa magêp dènnira ngling | dhuh babo sutaningwang ||

69. Asih têmên sira karo nini | trêsna bêkti laki toh jiwangga | anokitkên ing lakine | Kamdulilah sirèku | tulus asih marang ing laki | wus nini alinggiha | wus padha rahayu | kang putra mundur sih waspa | Kae Bayi Panurta ngandika malih | mring santri Luci sigra ||

70. Luci undangên nyainirèki | maring ngarsa iya nêmonana | dhayohe lawan sutane | ingkang liningan gupuh | lèngsèr saking ngarsa (n)Jêng Kyai | malbèng wisma kapanggya | Malarsih alungguh | sadangunira angantya | tyas kadya drêng dènyarsa panggih lan siwi | mênggah ajrih ing raka ||

71. Anisani karsane ing laki | datan watak lumancang mancangah | kumambang rèhing lakine | ketang durakanipun | yèn anikêl nimpang ing tuding | tyas tan nêdya tumindak | lamun tan tinuduh | santri Luci aturira | nyai (n)dika tinimbalan ing (n)Jêng Kyai | manggihi tamu putra ||

72. Nulya lumaksana Nyi Malarsih | ingiring Ni Sumbaling Ni (n)Daya | tan dangu praptèng ngarsane | Ki Bayi ngandika rum | salamana lan rinirèki | gupuh Ki Adimuncar | atur salamipun | sadaya magantya-gantya | pra waela tur sêmbah salamirèki | kantun putra kalihnya ||

73. Nulya ingkang putra Jayèngrêsmi | Jayèngraga samya atur

--- 12 : 159 ---

sêmbah | Malarsih angrangkul age | pan sarwi karuna sru | barung Nyai (n)Daya Sumbaling | Rarasati Turida | samya udrasa sru | Cênthini milya karuna | myang sadaya pra wadon mèlu anangis | dadya samya gumêrah ||

74. Kae Bayi Panurta srêt angling | lah ta uwis aywa na karuna | sumêlang lir wong kapatèn | anangis barung umyung | datan etang ana tatami | Arsèngbudya Dimuncar | samya lon umatur | saking gung sutrêsnanira | asusuta lir pêjah amanggih urip | lami datan tumingal ||

75. Wangwanging tamu lir tiyang pundi | lamun èstri pan sampun mupakat | trêsnane anèng tangise | sampun mênggahing sunu | nadyan liyan lamun dadyapti | sih ya lantaran waspa | tandha sih kalangkung | Nikèn Malarsih tyasira | arapuh tan aring pangrêsirèng ati | kèndêl dènnira karuna ||§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / dènnya /.

76. Magêp-magêp binagyan kang siwi | samya uamturumatur. raharjèng titah | (n)Jêng ramèbu barêkahe | kang ibu lon amuwus | sokur AlkamdudilahAlkamdulilah. kaki | rinêksa ing Hyang Sukma | kaywanan sakayun | wus ginggang ing pasungkêman | sung salam ring kang Nini nDaya Sumbaling | pupuji ing kaharjan ||kraharjan.

77. Nulya ingkang putra mantu kalih | Turida Rarasati tur sêmbah | angujung nguswa padane | kang putra ro rinangkul | samya asru karunanèki | winor pasambatira | dhuh sutèngngongsutèngong. mantu | ayu têmên loro sira | ing sih bêkti sêtya tuhu maring laki | toh jiwa anrang baya ||

78. Angandhêmi lanja andêrpati | datan ana nini kaya sira | sokur bage sèwu dene | muga sira winahyu | santosèng tyas palaling Widdhi | wus lêjar marmèng suta | langkung sukèng kalbu | Ki Bayi aris ngandika | lah wus Nikèn Malarsih sira dèn-aglis | angruktiya sugata ||

79. Saanane ingkang sarwa suci | ngarah apa krana Lah kewala | samya mring kupune dhewe | ingkang garwa agupuh | lèngsèr

--- 12 : 160 ---

saking ngarsa anuding | marang pawongannira | jalwèstri gupuh |Kurang satu suku kata: jalwèstri agupuh. samakta tata sugata | santri Luci Nuripin lan Jalalodin | nuduh pawong santrinya ||

80. Myang dhulang kang pinanggul ing èstri | kerit mring Ni Malarsih mangarsa | sasaji ring Kiyaine | tinata anèng ngayun | myang panatanira Ki Luci | pininta sa-ambêngnya | pakêmbulanipun | kang ponang tumpêng mêgana | sêkul golong liwêt pulên lan kabuli | angêt wuduk lan punar ||

81. Lalawuhan sangkêp amarnani | jangan mênir cupang kalamuncang | asêm bobor asêm bênce | bècèk tim ladha bubus | padhamara pindhang bang-putih | dhakohan plêpah kuwah | dhublêg gilegule. manggul | bêlothok brongkos kareyan | lam-ulaman dhèndhèng panjèn êmpal ragi | dhèndhèng age sujènan ||

82. Age tawon age lidhah ati | age umbut age tum-bêkakak | age ayam mêmonthoke | srêgan kalêpon kapur | ginjêl lawan babat limpèki | buntut paru lan utak | êmpal kisi pênthul | sate abon rêmus wayang | pal-puk duduh koyoran dhèndhèng karipik | gadhon gêcok-gênêman ||

83. Êtum mangut rêmpah srundèng gêbing | (n)dhog bêkamal pindhang cêmplokcêplok. dadar | cêrubuk krupuk-têrunge | pèspèsan tambra palung | opor bèbèk basêngèk pitik | lawan balêbêd banyak | suwab binatutu | kang pêtis lombok gulingan | ayêm tambra gorengan kathik gulathik | gangsir ampal andhungan ||

84. Sambêl-gorèng kacang dhêle wijin | sambêl kêmiri pêcêl tarancam | lalaban kacang kaceme | kacambah cipir timun | pête jengkol kara kêrai | gudhe kumalandhingan | ranti kêmangipun | terong glathik kukuluban | kathokolan kangkung lêmbuyung sêmanggi | pintên myang gagan-gagan ||

85. Gundha kêmbang turi adhêm mati | luntas papasan kapas rêmpêlas | pêtis kakas kêsru sambèng | pare godha rêmakjun | kudhu gondhong combrang sêmpirit | katu katumbar aha | rajun kimpol paung | rang-urangan raranggitan | sangkêp salirira lalawuhan bukti | aglar sumadyèng ngarsa ||

--- 12 : 161 ---

86. Nulya para wong amagêrsari | prapta ambêkta kandhurinira | panjang layah myang ancake | sadaya pan nêmlikur | pinasrah ring Ki Santri Luci | wontên malih ambêngan | papanganan munjung | rongpuluh ambêng kèhira | sidhêkahe pawong kulawangsa sami | ngalujêngkên kang prapta ||

87. Kae Bayi angandika aris | Dene ana nak-putu kang padha | akajad sidêkah akèh | mara ta kono gupuh | sambungêna dadi sawiji | padha kêpungên dhawak | sing padha akêpung | enak kêmbul aroyoman | santri Luci authi tata kêndhuri | tuding-tuding miminta ||

88. Wus cucukupan sakupênganèki |Lebih satu sukukata. Wus cukupan sakupênganèki. Kae Bayi Panurta ngandika | lah Basarodin dèn-age | donganana Majêmuk | ngalujêngkên ring wong sadèsi | salamête kang prapta | wus manggih rahayu | rinêksa dening Hyang Suksma | gya pangulu Basarodin angadêgi | andongani ambêngan ||

89. Majêmuk Rajuk Tulak-bilai | Tawil-ngumur lan Salamêt mulya | Turun sih Sri Sêdanane | ingaminan gumrumung | asru barung kang amin sami | rambah ambata-rêbah | wus antara dangu | paragat pandonganira | Kae Bayi Panurta ris ngancarani | marang tatamunira ||

90. Lah suwawi awijikan sami | ing sawontênipun sumapala | krana Lah kewala rêke | lan pra waela ngriku | samya kêmbul bae kang bêcik | ingkang liningan sigra | samya atuturuh | (n)dan lêkas sarêng anadhah | apikantuk dènnira sami abukti | sira Nikèn Wilapa ||

91. Mênggah-mênggah dènnira abukti | ngonjot-onjot sêrêt ing êlêtan | Ki Bayi ngling andikane | e ya ta lah ipeku | akangèlan dènnya abukti | Malarsih apa sira | kalalèn ipemu | lalagèhane anadhah | kudu nora pisah-pisah lawan warih | kalêmuk nèng ngiringan ||

92. Biyèn kae duk sira-paranni | dene wus nunggal nadhah sa-ajang | mokal yèn laliya kowe | Ni Malarsih angungun | matur inggih kasupèn mami | gupuh nuduh pawongan | amundhut kalêmuk |

--- 12 : 162 ---

tan dangu katur ing ngarsa | punika bok-adhi pangunjukanèki | raka-(n)dika priyangga ||

93. Maklumipun kewala bok-adhi | saking kirang kêrahaban-kula | Nikèn Wilapa ature | kang botên-botênipun | dene kados tiyang ing pundi | kawula datan cipta | riringa ing kalbu | inggih angangkah punapa | tiyang sampun wontên janganipun mênir | tan susah nginum toya ||

94. Sajatinya samadèsmu isin | mring ngakathah tan mêdhar prasaja | Ki Cariksutra wuwuse | lah ora-a sirèku | bakayune amirantèni | de sira kakurangan | animbangi tanduk | marmanya sira sinungan | wus kuningan adate sira yèn bukti | tan kêna pisah toya ||

95. Ni Wilapa sinambramèng laki | rumangsa yèn kaluputannira | nulya tanduk lir sabêne | kokoh jangan nèng tuwung | lam-ulaman amêratani | cinaruhcinarub. rab-uraban | sapulukanipun | rong pulukan linut toya | Kae Bayi Panurta ngandika aris | manira yèn tumingal ||

96. Dènnira nadhah ya ipe-mami | bok Wilapa sawarêganeya | mèlu akèh panadhahe | ngapenginakên kalbu | mèlu enak manira bukti | drêku bok-ipe aywa | êngah dèn-anutug | wong wus wismane priyangga | Ni Wilapa mèsêm aturira aris | kados botên yèn êngah ||

97. Angandika malih Kyai Bayi | ênggèh ta lah yayi Cariksutra | bok aja ipeku kuwe | ingajak anut pungkur | adoh-adoh praptèng mariki | wus tan kengang lulungan | maningan puniku | awak lir tan kengang gawa | mandahane duk lumampah anèng margi | iba rêkasanira ||

98. Bok liyane bae salah siji | apan ipeku sapirang-pirang | dadak sing gêdhe awake | Cariksutra turipun | pan kumêdah-kêdah papanggyaGuru lagu seharusnya: 9i, pan kumêdah-kêdah papanggih. | [...] |Kurang satu baris: 7a. ing paduka nêngguh | Ke Bayi mèsêm ngandika | ênggèh yayi kalangkung panrima-mami | dènnya sutrêsnèng kadang ||

99. Sadayanira ingkang mangarti | Nikèn Wilapa rubiyahira | sira Ki Cariksutrane | samya gawok andulu | ing gêdhene awakirèki |

--- 12 : 163 ---

sêmbada panadhahnya | cèkoh manganipun | akèh amicarèng nala | iya ta lah rabine Cariksutrèki | nglêmbarah nora lumrah ||

100. Kae Bayi tanpyantuk bukti |Kurang satu suku kata: Kae Bayi tanpa antuk bukti. sabab lagya nêmbene asênggang | dèrèng rumangsa ecane | miwah pra ngawiryèku | Adimuncar Ke Arsèngbudi | Kae Sèh Malangkarsa | Sèh Mangunarsèku | Cariksutra Arundarsa | Anggungrimang Jayèngwèsthi Jayèngragi | Turida Rarasatya ||

101. Samya wus rèpèh tan pati bukti | Kae Bayi Panurta lingira | wawi yayi sadayane | (m)bok kang samya pakantuk | rèyang dimèn eca abukti | akêmbul babancakan | lawan anak-putu | ingkang liningan turira | (ng)gih sumangga sasêlotipun abukti | dhatèng (n)dhèrèk kewala ||

102. Para kadang myang pituwa sami | amêmêne dènnira anadhah | angli ring tatakramane | ingkang para linangkung | datan pati sura abukti | dadya untap-untapan | kacicikanipun | pakantuk rasaning driya | kikmahing tyas dènnira sabar ing bukti | sor rasaning atadhah ||

103. Sira Ki Pangulu Basarodin | dènnira mangan sadangunira | ambungkik-bungkik puluke | Ki Kulawiryandulu | dènnya nadhah Ki BasorudinBasarodin. | bibisik dènnya mojar | mèsêm èsmu guyu | kalawan Kyai Lawatan | lo puniku tênagane Basarodin | angaya-aya pangan ||

104. Ki Lawatan lawan Ki Sêmbagi | samya gumuyu sinamun nadhah | mulat mring Basarodine | Ki Kulawirya sêgu | sêgu watuk andhêdhèhèmi | winoring paliringan | paman dhawuh wau | adêrês gêng têlthokiratlêthokira. | kados banjir jawah tan ngarang-ngarangi | punapi mot lèpènnya ||

105. Ki Lawatan Sêmbagi nganthuki | Ki Basar ngling ririh garundêlan | andêlna Gus Wirya kuwe | anggêgarap wong tan wus | (n)dadak nganggo nyêman-nyêmoni | wong dhasar kêmba uwang | yèn tan angguguyu | Ki Kulawirya alatah | suwe lamun têtamuwan pra utami | Ki Bayi mèsêm tanya ||

106. Paran kang sira guguyu Ragil | matur punika pun kakang Basar |

--- 12 : 164 ---

amangan dadi wong bithèn | tanganipun abikut | datan kenging dipun-sêlani | kiwa têngên maragang | tan wontên gopipun | lir ngampêr bata ing linggan | Ki Baywa-ngling wong wus tandange abukti | maningan biyèn mula ||

107. Para tamu samya mèsêm mèksi | marang sêsambèn kang pêpoyokan | Ki Jayèngraga wuwuse | pantês têmên Ki Ngulu | maksih kadi adate nguni | sabên panggya lan paman | anggung dèn-wawangun | Ki Basar nauri sabda | (ng)gih puniku tan wontên luwasing gêtih | pamandika Ki Wirya ||

108. Kajawi padha mantun moyoki | yèn maksih sami gêsang mêsungsang | mangsa mariya medane | kang myat samya gumuyu | Ki Wuragil Kulawiryèki | alatah sarwi mojar | wakane Pangulu | kongsi jamurên maningan | nora uwis dadi poyokan Ki Rodin | pilang-pilang tan gêrang ||

109. Jêr wangune patut dèn-poyoki | badan sakojur tan kabênêran | (n)jêlèhi wajarane |Kurang satu suku kata: anjêlèhi wajarane. busana nora patut | mung yèn wuda anggigilani | ginuyu ing akathah | Ki Basar amuwus | non iku Ki Kulawirya | saknèh-nèhe ngaranni wong kaya jongkit | kathik nganggo wajaran ||

110. Saya ginaguyu rewange linggih |Lebih satu suku kata: Saya ginuyu rêwange linggih. wus antara dangunira nadhah | luwaran tuturuh kabèh | Ki Santri Luci gupuh | Jalalodin Nuripin aglis | nuduh pawong rowangnya | nyarik ambêngipun | sinungkên pamburinira | kandhurine dinum barêkatirèki | warata sadayanya ||

111. Gantya dhadharan lumadyèng ngarsi | sasaosanira Ki Panurta | pasugata ring tamune | kathah nyamikanipun | lah-olahan wowohan asri | sangkêp kang juwadahan | jênang dodol kênul | kolèh grêndul candhil caca | kalong sagu cinantèn brêm tumpu criping | kêpêl pang-limpung kupa ||

112. Manco cucur jalabiya rangin | mamêniran bantalan sêmpora | lèn-ulèn gêmblong lèmpènge | wug-awug apêm pasung | kocak kicak kanyut lan kèci | srikaya pipis tuban | rondhakèli mêndud | cêlorot gêthuk jumunak | sêmar-mêndêm garubi pêrnama utri |

--- 12 : 165 ---

wajik tape walangan ||

113. Sagon wayangan ledre surati | miwah pala-gumantung kasimpar | nangka pêlêm kuwènine | manggis duryan lan dhuku | pisang suluh salak kêcapi | balimbing lan talêbak | jambu lan kapundhung | kêrai timun sêmangka | talês kimpul katela uwi gêmbili | muncar munggèng rampadan ||

114. Kae Bayi Panurta ngling aris | singgih sumangga yayi punika | mamangsêgan tamba mise | awon kèndêl ing ngriku | sumapala ana misrani | karana Lah kewala | ing sawontênipun | ingkang liningan agêpah | samya ngalap nyamikan sasênêngnèki | wedang pangananira ||

115. Kae Bayi angandika malih | ingkang garwa lah Malarsih sira | dhayohmu pra waelane | iya sadayanipun | aturana maring wismèki | dimèn lêlêswan samya | Ni Malarsih muwus | sumangga yayi Wilapa | lan Palangi Turida lan Rarasati | Rancangkapti mring wisma ||

116. Nikèn Wilapa umatur aris | singgih sasêlotipun kewala | rêke agampil ing mangke | sawêg rêrêm alungguh | Ni Malarsih ngecani kapti | anulya ingkang prapta | wong Wanamartèku | pamagêrsari sudagar | jalwèstrijalu èstri. sarta lan kandhurinèki | liya punjungannira ||

117. Sêkul ulam dhaharaniyadi | kang wus kapanggya lan Jayasmara | pan samya mundur gagêntèn | kang samya yun papangguh | tur pupunjung miwah kêndhuri | sarya tur salam sêmbah | mring kang lagya rawuh | kêndhuri laju dinongan | kajatira ngalujêngakên kang prapti | punjungannya tinampan ||

118. Nyai-nDaya lan wadon Sumbaling | juru anampani pupunjungan | wong Wanamarta kajate | kang wus kapangguh wau | ulihira karya kêndhuri | sapunjungannira |Kurang satu suku kata: lan sapunjungannira. wangsul atur-atur | ingkang nampani ambêngan | santri Luci Nuripin lan Jalallodin | kinêpung nèng pandhapa ||

119. Kae Adimuncar Arsèngbudi | Arundarsa lawan Cariksutra | Carikmudha lan Kae Sèh | Malangkarsa puniku | Ki Sèh Modang

--- 12 : 166 ---

Parimintèki | Kae Sèh Mangunarsa | lan Gungrimang nêngguh | sadaya pra tamunira | mulat banjar wismane Kiyai Bayi | Panurta Wanamarta ||

120. Wus saengga pomahan bupati | datan ana wisma mangkana-a | gunge myang pasang rakite | ing patanêmanipun | tiris kitrinira mêpêki | papagêr pakêliran | gêbyognya klimis alus |Lebih satu suku kata: gêbyognya klimis lus. mawi natar pananggungan | masjid Mangu agênge sèbêt acèkli | gasik toya tumumpang ||

121. Samya micorèng sajroning ati | para tamunira samadaya | sukur pangalêmbanane | dene sarwa pinunjul | baya saking mangunahnèki | banjar pawismanira | kadi-kadi dudu | pasang anggoning ngulama | pantên§ Prayoginipun / pantês /. ênggon dalêming pra wirya mukti | wibawa ahli donya ||

122. Kae Bayi Panurta ngling aris | Kae Adimuncar Arsèngdriya | tuwin jêbèng sadayane | punika warninipun | garumbuling Wanamartèki | tinut nak-putu kathah | samya nut dudunung | nèng ngriki kêdah karasan | rêke kathah kewala pakantuknèki | samya jênêg gagriya ||

123. Dene wisma manira puniki | sagêd samantên agênging griya | manira darmi angangge | saking ing karsanipun | para anak ingkang bupati | urunan yasa wisma | sinungkên maring-sun | kinèn jênêg anganggeya | saput ingkang piranti yayasan sami | reyang kantun manggiha ||

124. Samya-ndhêku sadaya miyarsi | para tamu ing wau wuwusnya | (n)Jêng Kiyai Panurtane | samya sukuring kalbu | èsmu ngungun sajroning galih | mangkana Cariksutra | aris wuwusipun | dhuh kakang Bayi Panurta | wus sanyata antuk nugrahaning Widdhi | dadya pangayomannya ||

125. Sagung santri ing wetan pasisir | baya datan ana tumimbanga | ing tata miwah harjane | myang rakit-rakitipun | kadya praja datan na bêkti | lamun dhukuh ngasrama | wit katon gêngipun |

--- 12 : 167 ---

tan ana ingkang kuciwa | datan ana ing bang kilèn kang nimbangi | kalawan Wanamarta ||

126. Kyai Bayi myarsa angling aris | mung sadarmi kawula ing titah | Allah makatên karsane | inggih harkahingbarkahing. napsu | mutmainah reyang antêpi | sumarah karsèng Sukma | ingidhêp ing kalbu | makatên salaminira | lampah reyang amung ngantêpi sawiji | mutmainah ing tekat ||

127. Cariksutra mèsêm aturnya ris | kadipundi kakang pandumira | kang napsu catur warnane | wus lami ulun-ngrungu | mung kèwêdan dènnira amrih | tataning linampahan | ing sadintênipun | yèn rina sajroning nala | kadi-kadi darbe gêsangira sami | arêbut lampahira ||

128. Kyai Bayi angandika aris | (ng)gih manawa katuju ing karsa | kang napsu patang warnane | mutmainah rumuhun | dadya jêjêr anggung mamardi | sakèh tyas kang mrih harja | bêkti myang sumungku | narima sarèh ing driya | satitahe ing karsa datan angudi | harda angangsa-angsa ||

129. Nanging anggung lir tinêmpuh jurit | dening napsu kang titiganira | sadina-dina arame | anèng jroning tyasipun | napsu katri kang langkung sakti | luamah lan amarah | supiyah trinipun | ari ratri lir ayuda | jroning nala kadya arêbut tatandhing | masesa driyanira ||

130. Kasaktène luamah abukti | ngangsa-ngangsa kadi ambebasna | mangan kèh sanalikane | lumuh kantuwa dangu | mumah mumuh turu abukti | pamirihira supaya |Lebih satu suku kata: pamrihira supaya. kèh sumêngahipun | ngapêspês mring mutmainah | de amarah kasaktènnira mrih juti | nginggit harda druhaka ||

131. Rêngu-rêngu pan anguring-uring | riwut ngawut kadi anglêburna | kalawan rinêmêk bae | ngêngungakênngêgungakên. têkabur | sumbar ngina-ina sakalir | dènnira mrih pralaya | mutmainahipun | supiyah kasaktènnira | papenginan marang kang tan patut wajib | mamêksa papenginan ||

132. Tan cipta wrat angèl wêrit rungsit | kaya-kaya gampanga

--- 12 : 168 ---

ingalap | mangsa wurunga kadarbe | kusung-kusung milalu | mring kang datan layak binudi | kudu nuli-nuliya | kang tan kêna luput | anruwêng jubriyannira | amrih akêkêsa mutmainahnèki | sajuga binut tiga ||

133. Singgih pintên banggi dèn-ayunni§ Prayoginipun / dèn-ayomi /. | tangèh kita lamun sumêla-a | saking babagan ngarale | kadi punêndinipun | yèku yayi Ki Arsèngbudi | binudi ingkang dadya | kalirahanipunkalimrahanipun. | wiwinih rubêd rubeda | saking pundi mutmainah kasirèki | katutup ing tri hawa ||

134. Anauri aris Arsèngbudi | yèn pamanggih manira priyangga | rubeda puniku èmèng | pangangge paminipun | bathik lurik wulung lan putih | singa kang dèn-anggeya | yêkti datan wurung | yèn ngangge seta (ng)gih seta | myang ngangge bathik lurik wulung bang kuning | singgih makatên uga ||

135. Sabab samantên kita puniki | lamun angilo paesan duryat | marga bab insan kamile | ngriku panglilingipun | saking akatdiyat wadati§ Prayoginipun / akadiyat wahdati /. | wakidiyat lan arwah | ajasam§ Prayoginipun / ajêsan /. puniku | alammis alam insan |Kurang satu suku kata: alammis alame insan. kamil pan wus purna dadining adadi | titah kita punika ||

136. Saking alam arwah kang nêngahi | pan akadiyat wujuding Êdat | wahdat wujud sipat rêke | wakidiyat asmèku | alam arwah apêngal nênggih | martabat tri kang awal | pan gaibul-guyub | akadiyat lawan wahdat | wakidiyat kang bangsa latakyun latib | martabat tri akirnya ||

137. Alam jasam§ Prayoginipun / ajsan /. misan insan kamil | takyun sani nalirah kawijah | tri wiwinih hawa rêke | napsu luamah nêngguh | lan amarah supiyahnèki | dening ingkang kaucap | ing ngajêng puniku | tri wiwinih mutmainah | alam arwah wiwinih ihtiyar singgih | pamilihing apêngal ||

138. Pamilihe ing kalih prakawis | mring babagan budi klawan ala | kewala sami wênange | mungguh Hyang Kang Mahagung | datan nuduh datan pêpênging | mring sawijining titah |

--- 12 : 169 ---

sakayuning mahluk | bênêr luput nèng ihtiyar | marma kita kumêdah angati-ati | ywa korup maring hawa ||

139. Murka nadhah guling murka wêngis | murka papenginan mring rajah tamah |Lebih satu suku kata: murka penginan mring rajah tamah. punika pan sisingkêle | narik cipta tan tuhu | ngungas-ungas ngangas-angasi | tan kenging botên uga | pan duryat kadyèku | kadi-punêndi ing karsa | yayi Cariksutra ing ngriku tinuding | sami muwasaratan ||musawaratan.

140. Ki Cariksutra lingira aris | kasinggihan sabdanta tetela | pan sampun makotên jume | ing agêsang puniku | datan wagêdsagêd. kita puniki | angirigakên hawa | bangsa ngam angumum | tumindak kalawan hawa | amung amimirit saking sidhang-siring | sarwa sakêdhik sewang ||

141. Purun maha kêdhik ênggah kêdhik | alam ahli swarga sumapala | ngalap naraka sêpèlèng | ènthèng-ènthèng sinangkul | swarga nraka narima kêdhik | ngangkat ingkang rêkasa | yèn tan lawan wahyu | sayêkti datan kaduga | kang lir caritane ki dhalang ngaringgit | lalakon srat Wiwaha ||

142. Dananjaya duk amangun-tèki | anèng (ng)graning Ancalendrakila | sang Dwija Mintaragane | angga tuhu lir tugu | manik datan sêdya bah osik | mamati jroning gêsang | anggêgêsêng kalbu | kang tan kêna winikalpa | alpaning tyas angilangakên sak-sêrik | sêrik lamun runtika ||

143. Anirakên suba-sukèng galih | cêngêng lêngêng ngêningkên nêngira | mung amasang lulungide | ing dalêm kalih pandum | angga malat gêgamannèki | Pasopati grannira | pyuh graning pandulu | lumancar anggroning grana | kang pinusthi papasthèn èsthining kapti | kapati bratèng laga ||

144. Amaladi si sêmadi êning | nêngèng karsa nêgêr karsaning Hyang | maksude pancadriyane | pinêlêng ing pandulu | dalaning kang sandining sêpi | titis grana gusika | pusakaning kayun | kayungyun kahyanganing Hyang | lêpasing tyas mêrana ngulati pati | patitis kang tan tiwas ||

145. Nalika wus kêncêng cêngêngnèki | tiwas pamawasing

--- 12 : 170 ---

kawaspadan | kalawan pucuk bèdhorebedhore. | sumungku-a sidêku | dêging jêmpol jari jêmparing | sêrêng lênging lêngira | paguting pandulu | dulu datan kadaliyan | lila lalu malulu lir socaning pring | nir pringganing wardaya ||

146. Yèn mungguh-a agamaning Nabi | êtrap ingkang makatên punika | kenging winastan wus kusne | khawasuning asuhul | bisa mêsat hawa tri juti | yèn tyas wus kadyèka | pintên bangganipun | kita punika (ng)dungkapa | anirnakkên hawa kang angrêregoni | muslim mring kajatmikan ||

147. Samya suka mèsêm aningali | mring Ki Cariksutra dènnirojar | angondhèkkên pudyarsine | Ki Adimuncar muwus | Kae jêbèng Mangunarsèki | kadya paran karsanta | purnaning awuwus | supados dadosa palal | ing tyas kadung padungkapanirèng ngèlmi | kèndêling pandêlingan ||

148. Ki Sèh Mangunarsa angling malih | singgih rêke sampun kasinggihan | (ng)gyannipun ngibaratake | saèstu yèn kadyèku | kulaning§ Prayoginipun / kwulaning /. Hyang mukmin kang muslim | sadaya kang ingujar | tan na lêpatipun | pan sami ugi kewala | amung kaot sakêdhik jalarannèki | undha-usuk kang karsa ||

149. Ingkang sampun sinung bisa mèksi | ing kasidan sup nèng kagayuhan | hawa kang catur sikine | dados dadosanipun | nêpsu hawa kawan prakawis | luamah lan amarah | supiyah katêlu | pat kalawan mutmainah | dadya panguntaping tokit mring kadadin | saking kalawan hawa ||

150. Mokal bodho karsaning Hyang Widdhi | karya asor luhuring kawula | kalawan napsu hawane | yèn tan kalawan napsu | yakti titah datanpa kardi | sabarang rèh kitarsa | dadi lawan napsu | amarah murka atingal | tadhah guling rosa pangêlihirèki | suka bukti sapala ||

151. Amarah napsu awênga wêngis | krodha nênggala jrih mring niaya | dèn têkèng narima sarèh | rèrèh tan ngadhul-adhul |

--- 12 : 171 ---

sikaranya akait juti | rinosan sinêmbadan | lan tawêkalipun | tinawêkaling amarah | dèn-tumêkèng hawa dadi wahyu budi | kabudayèng wardaya ||

152. Napsu hawa supiyah papengin | kapengina marang kautaman | ingkang sipat linuhunge | tan pengin loba mumuh | krana dènnya nalikanèki | myang tadhah rajah tamah | pon datan kalulun | sirnane hawa tri loba | apan luluh anukma dadi sasiki | tri mutmainah uga ||

153. Datan paê panunggalanèki | mutmainah marang ing tri hawa | tri hawa mutmainahe | anèng ing dalêm kasdu | dènnya pagut atampa titih | aluamah amarah | lan supiyahipun | mangsud dadya mutmainah | kang makatên (n)dungkap kadadeyannèki | kang wus amintaraga ||

154. Lamun mutmainah mangsud maring | luamah lan amarah supiyah | dadya kèh loba kibire | agung têkaburipun | tan kabuka daliling ngèlmi | kang maring kamuksanan | dene jalaripun | kang wus sidik rasa sabda | ngujubriya têkabur sumêngah kibir | kang wukakên kadadyan ||

155. Wa-makatên kawulaning Widdhi | samya tinakdir pribadinira | ing dalêm ngagêsang rêke | datan ketang kinayun | kaya apa kayunning jalmi | pan wus samya kinarsan | dening Hyang Kang Agung | kalawan priyangganira | asor luhur wus dadya kaladuk nguni | sadèrèngipun bakal ||

156. Kae Bayi Panurta duk myarsi | sabdanira Ki Sèh Mangunarsa | kadya kinuras driyane | ana karasèng kalbu | mring putranya Sèh Amongragi | sasolah bawanira | lèlèjêming wuwus | wingiting pasêmonira | miwah rimbag ing warna datan nêbihi | saujunging sarira ||

157. Ciptaning tyas tan na paenèki | mring Sèh Mongraga myang Mangunarsa | kadya kinarya lirune | miwah sadayanipun | ingkang kadang kulawangsèki | samya mulung tyas trêsna | mring Mangunarsèku | mangkana ing wancinira | lingsir dungkap waktu Luhur kapara kir | kaecan ararasan ||

--- 12 : 172 ---

158. Saking dènnya rêna aniniling | ing murade Ki Sèh Mangunarsa | tan amapali jarwane | nadyan anom rinêngkuh | sasêpuhing mukmin khakiki | kang pangra tuwèng wayah | kang anom sumungku | mring Kae Sèh Mangunarsa | ingêgungkên tinamu-tamu utami | golonganing ngulama ||

159. Kae Bayi Panurta ngling aris | nakmas jêbèng Kae Mangunarsa | suwawi awêktu age | Lohor mring masjid Agung | miwah yayi sadayanèki | dhangan ingkang liningan | ingkang para tamu | mudhun saking palungguhan | maring masjid Mangu ngambil toyastuti | apan samya sêmbahyang ||

160. Kewala cukup tamunirèki | pra waela salat anèng langgar | pra kadang kulawangsane | salat nèng masjid Agung | ana ingkang banjur amulih | pra tamu ingkang salat | anèng masjid Mangu | Sèh Mangunarsa ngancaran | kinèn angimami wêkuningwêktuning. ngabêkti | nulya Sèh Mangunarsa ||

161. Tan lênggana majêng angimami | wus antara danguning asalat | tartib tumêkèng bakdane | paragad sadaya wus | asalawat salaman sami | Kae Bayi Panurta | lon andikanipun | prayogi wangsul ing wisma | Kae Adimuncar aturira aris | pênêd akaliyêgan ||

162. Mring masjid Gêng kawula yun uning | Kae Bayi Panurta ris mojar | ênggèh langkung prayogine | nulya sami amudhun | pra tamunya kang sadayèki | maring masjid Gêng prapta | midêr andudulu | pasang rakiting patirtan | binotrawi toyanya kalangkung wêning | ngingonan ulam kathah ||

163. Bêbêngane balumbang ngubêngi | binêngawan têpining tinaman | sangkêp saliring sarine | myang patirisanipun | pala kitri gumantung asri | samya nêdhêng wohira | putya dênta sinung | pucang ranti rinambonan | tanjung sawo asinang wohira (n)dadi | tinumpak sinaciwah ||

164. Kae Adimuncar Arsèngbudi | Arundarsa Kae Cariksutra | kalawan pra tarunane | lan Sèh Malangkarsèku | Mangunarsa Gungrimang tuwin | Sèh Modang Pariminta | miwah Ki Piturun |

--- 12 : 173 ---

Palakarti pra santrinya | lawan Jayèngrêsmi Jayèngraga tuwin | Wuragil Kulawirya ||

165. Kang wus bakda salat anèng masjid | para kadang Swarja Wiradhustha | Panukma lan Panamare | miwah kang para sêpuh | Ki Pangulu lan Ki Sêmbagi | Ki Jumêna Jêmpina | Lawatan Malanggung | Luwaran Kardisêdana | samya mudhun sing masjid samya umiring | mring kang samya niningal ||

166. Kang pra tamu amicarèng ati | nora jamak Ki Bayi Panurta | mêtu têmên mangunahe | dudu prajaning dhukuh | lir karajananing bupati | kêtêbe wong mah-omah | kèh bêcik gung agung | kaya wong rongèwu ana | kathah wong kang kuwat-kuwat kang rijêki | malah asor wong kutha ||

167. Ngalim wus mijil mangunahnèki | samya pupuji sukuring driya | mring Ki Bayi Panurtane | nutug dènnya (n)dudulu | têpunggêlang ngubêngi masjid | ing wanci waktu Ngasar | samya mèt toyastu | kadas sami salat Ngasar | nèng masjid Gung sabakdanira ngabêkti | kondur maring ing wisma ||

168. Para kadang kulawangsa sami | umiring maring pawismannira | atata palungguhane | anèng pandhapanipun | sasajinya sampun miranti | wedang myang nyanyamikan | wus andhèr nèng ayunngayun. | miwah kang para waela | Ni Malarsih Turida lan Rarasati | tamu Nikèn Wilapa ||

169. Ni Palangi lan wadon Cênthini | Nyai-nDaya Sumbaling tan têbah | Kiyai lon andikane | sumanggèng karsanipun | nyamikane ginape sami | kang liningan norraga | anginggihi wuwus | angalap sasênêngira | dene para magêrsari ingkang prapti | sarta lan kandhurinira ||§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / sarta kandhurinira /.

170. Pupunjunganira tinup saji | mring Ki Jayèngrêsmi Jayèngraga | samya tur salam sêmbahe | Ki Bayi lon amuwus | marang santri Luci Nuripin | lah iku kandhurinya | nak putu kang kolur | padha kêpungên priyangga | lan wong akèh aja susah maring mami |

--- 12 : 174 ---

ing kono kumpulêna ||

171. Dèn-akapang angêpung kêndhuri | si Basarodin andonganana | kang kajat nyalamêtake | mêngko yèn ana kantun | ambêngane kumpulna dhingin | yèn wus sadasambêngan | donganana gupuh | lah ta wus kono Bismilah | Basarodin ngalih acêdhak kandhuri | anèng wetan kadohan ||

172. Mangulona ywa tambuh sirèki | nulya Ki Pangulu Basar sigra | ngalih mangulon ênggonne | Kulawirya gumuyu | kang Pangulu lèh impèn bêcik | kèh bêrkate angayang | layak payon wayuh | wolu kasanga lanangan | Ki Pangulu ngacêmut mèsêm anolih | dene kaya kambangan ||

173. Samya gumuyu ingkang miyarsi | para tamu mulat para kadang | rêsêp asih pandulune | rumêksa wong sadulur | maring kadang tuwa langkung jrih | sumungku kamawulakumawula. | anggêp angguguru | kang samya kajat sidêkah | dinonganan mring Pangulu Basarodin | nadhah gya pinarucah ||

174. Ki Wuragil Kulawirya angling | kang Pangulu Basar dènnya mangan | tumrapa pring ros bangkotebongkote. | kêrêp têmên amuluk | kongsi lali olèh ngitungi | pipirane amangan | tan kaduga ngetung | abênêr jarwa sutanya | ran pangulu tukang angulu sayêkti | suka sakèh miyarsa ||

175. Kae Bayi angandika aris | Swarja Wiradhustha lan Panukma | Panamar Kulawiryane | ring masjid Mangu iku | tarubana kang sarwa sri |Kurang satu suku kata: tarubana kang sarwa asri. sungana patilaman | kang samêkta mungguh | sarwa sukci ywa kuciwa | (ng)gyannya kadangira ingkang samya prapti | para ri tur sandika ||

176. Samya mangsuli turira aris | lamun parêng ing karsa paduka | kawula nunuwun rêke | rinta sasikinipun | amba nuwun nèng wisma mami | pun adhi sadayanya | inggih anunuwun | mugi pinarênging karsa | pan kawula ingkang rumêksa supadi | ing tyas datan sumêlang ||

177. Ke Bayi mèsêm nauri angling | iya prayoga iku turira | samya amamanuhake | atêpung sih sadulur | mupung padha sinung

--- 12 : 175 ---

papanggih | singgih yayi Dimuncar | myang sadayanipun | pênêd samya kukupuhan | têmbe ngalap kadang sih-siniyan sami | utami rarakêtan ||

178. Andhaupkên sarasaning kapti | kang liningan samya nor turira | langkung samya pirênane | singgih sadèrèngipun | paduka ngling kawula kapti | nukêri pra arinta | ing sasikinipun | pan sampun kasêdyèng driya | langkung sukur suka pirênaning kapti | dumunung ing pra kadang ||

179. Kae Bayi Panurta ngling aris | e yayi sukur Alkamdulilah | sumêdya sih ring kadange | Ke Bayi malih muwus | lah Suwarja muliha dhingin | ruktinên wismanira | yèn mêngko kinayun | ring kakanta Adimuncar | ing karsanya dumunung wismanirèki | kang rayi tur sumangga ||

180. Angandika lah Wiradhusthèki | iya muliha dhingin ngruktiya | ing wismanira dèn-age | mêngko kakangirèku | Arsèngbudi yun awowori | rèrèh nèng wismanira | sanalikanipun | kang rayi matur sandika | ngling malih lah Panukma muliha dhingin | rumatana wismanta ||

181. Yayi Cariksutra kang ayun sih | wismanira mêngko dinunungan | Panukma sandika ture | lan Panamar sirèku | iya age muliha dhingin | rêsikana wismanta | ing mêngko kinayun | mring rakanta Arundarsa | dene sira Wuragil muliha dhingin | tata-tata-a wisma ||

182. Kakangira Ki Carikmudhèki | lan Sèh Modang ingkang nèng wismanta | kang rayi sandika ture | de Pangulu sirèku | angruktiya wismanirèki | rinta Sèh ParinmintaPariminta. | dimèn nèng sirèku | Ki Basar matur sumangga | nulya lèngsèr sadaya ingkang tinuding | mulih asowang-sowang ||

183. Angling malih maring santri Luci | lah ya Luci lan Nuripin sira | miwah pra lurah santrine | umiringa sirèku | mring riningsun ingkang sêdyapti | dumunung anèng wisma | -nira pra-kadèngsun | santri Luci tur sandika | kang pra tamu ingacaran mring Ki Bayi | amurih pajênêkan ||

--- 12 : 176 ---

184. Kae Adimuncar Arsèngbudi | Cariksutra Ki Sèh Arundarsa | Carikmudha tanapi Sèh | Modang Parimintèku | samya atur salam ngabêkti | wusing anjawat-tangan | nulya lèngsèr mundur | mring wismane para kadang | Kae Bayi Panurta maksih alinggih | lan Ki Sèh Malangkarsa ||

185. Lawan Ki Sèh Mangunarsa tuwin | Ki Sèh Anggungrimang lawan sira | Jèngrêsmi Jayèngragane | Palakarti Piturun | pra waela sadaya misih | Kae Bayi Panurta | angandika arum | lah Ke jêbèng Mangunarsa | yèn sêmbada ing karsa wontên ing ngriki | masjid Mangu kewala ||

186. Sampun kêtêbihên lawan mami | Sèh Mangunarsa matur norraga | sumanggèng karsanta rêke | Ke Bayi malih muwus | lah anakmas Malangkarsèki | prayoga arêrêba§ Prayoginipun / arêrêpa /. | anèng wismanipun | arinta Ki Jayasmara | nak Sèh Anggungrimang padunungannèki | wismane Jayèngraga ||

187. Samya umatur sandika sami | nulya lumèngsèr kang ingancaran | mijil maring pawismane | sasantrinya tut-pungkur | sira Ki Sèh Mangunarsèki | lumèngsèr saking ngarsa | maring masjid Mangu | kang kantun para waela | ingancaran anèng dalêm wetan singgih | dalême Tambangraras ||

188. Pangandikanira Kyai Bayi | marang para waela sadaya | de sutaningsun katrine | sira kumpulèng ngriku | wismanipun Nikèn ing nguni | lamun arsa papanggya | lan kakungirèku | iya pangguha sadhela | krana padha rumêksa tamunirèki | kalawan ibunira ||

189. Ni Malarsih nambung wacana ris | pituhunèn linge bapanira | lawan sun iki katêmbèn | langkung wulanguningsun | lawan sira miwah (m)bok-yayi | mupung padha sinungan | bisa-a papangguh | gêlise satêngah wulan | sasêdhênge ana-a saka tri sasi | sukur salaminira ||

190. Apan paguywan sami pawèstri | nulya aluwaran alungguhan | kundur marang ing dalême | santri Luci aibut | lan Nuripin wadon

--- 12 : 177 ---

Sumbaling | angundur kang rampadan | sadayanira wus | gêdrahan wus kinêsudan | Kyai Bayi tulus mulyaning asakit | dening praptaning putra ||

191. Tan cinatur ing waktu Mahêrib | bakda Ngisa Ki Bayi Panurta | karsa anadar mumule | kataman Kur'an agung | santri Luci amandhegani | pragatan bèbèk ayam | menda gudèl lêmbu | angrèh wong magêrsarinya | lanang wadon Ni-Daya lawan Sumbaling | ngratêngi lah-olahan ||

192. Karya asahan ambêng kêndhuri | wau sira Ki Bayi Panurta | lênggah anèng pandhapane | wis rinumat sadarum | gagêlaran kalasa lampit | kang badhe palinggihan | -nira santri agung | wau Ki Sèh Mangunarsa | ingaturan tan dangu anulya prapti | lênggah assalaman ||Kurang satu suku kata: lênggah asasalaman.

193. Nulya Ki Sèh Malangkarsa prapti | lawan Jayèngrêsmi sarêngira | ingirit dening santrine | lênggah tur salamipun | gya Sèh Anggungrimang kang prapti | lawan Ki Jayèngraga | tur salam alungguh | kalawan kulawangsanya | Ki Piturun Palakarti anèng wuri | kinèn lungguh pra kula ||

194. Tan adangu ingkang samya prapti | Kae Adimuncar Ke Suwarja | Arsèngtyas Wiradhusthane | miwah Cariksutrèku | lan Panukma sarêngannèki | Rundarsa Ki Panamar | lan sasantrinipun | Ki Carikmudha Sèh Modang | sarêng lan Ki Wuragil Kulawiryèki | ingiring santrinira ||

195. Pariminta lan Ki Basarodin | sasantrinira wong Pakauman | ingkang prapta sadayane | samya tur salamipun | tata kêpungira alinggih | anulya ingkang prapta | pra kulawangsèku | Ki Sêmbagi lan Jumêna | Ki Jêmpina Lawatan Malangbong tuwin | Luwaran Jalipura ||

196. Kardisadana lan Jagapati | Singabarong Bêlongsong Ki Mandra | pra tuwa kulawangsane | pra kaponakanipun | Bagus Kanjir lan Gus Ngujajir | Gus Mèkèt Gus Sarakal | Gus Bahri Gus Dawud | myang pra lurah santrinira | samya kêpung akupêng jajar alinggih | supênuh ing pandhapa ||

--- 12 : 178 ---

197. Pra sudagar miwah magêrsari | kang samya pênêd angaji Kur'an | pan wus pêpak sadayane | Ke Bayi ngandika rum | paran uwis katog kang prapti | kang sêmada wus kêna | wawasanirèku | Ki Kulawirya turira | (ng)gih punika ingkang sring rahab angaji | Kur'an siyang dalunya ||

198. Iya sapa ingkang angimami | rawatib iki kataman Kur'an | kang miwiti prayogane | pra ari samya matur | anjawi paduka (n)Jêng Kyai | ingkang ambawanana | Ke Bayi amuwus | bênêr (ng)gyanta anduduga | nanging ora yèn mungguh ingong pribadi | Ke jêbèng Mangunarsa ||

199. Kang pra kadang sarêng turirèki | kasinggihan langkung utaminya | mapangat ngalap barkahe | Ke Bayi lingira rum | Kae jêbèng Mangunarsèki | pun bapa amiminta | karana Lah-ipun | jêbèng mugi andhangana | amba wani nadar kawula rawatib | kataman mukadaman ||

200. Ki Sèh Mangunarsa turira ris | amba maksih kuciwa taruna | utami kang sêpuh rêke | Ke Bayi lingira rum | nadyan anèm sampun utami | pan wus kapudyèng driya | angluwari wuwus | manadar sukuring Sukma | ing mangkin pun bapa sinungan pamanggih | lan jêbèng samadaya ||

201. Sarta rinta kalih sami prapti | kang pra tamunira anambrama | marang Sèh Mangunarsane | samya anjurung sukur | kang ngancaran tan nikêl tuding | Kae sèh gya amaca | Têkabal-lalahu | mikum§ Prayoginipun / Takabal-lalahu, minkum /. sinauran kathah | sadaya sru minna waminkum ya karim | nulya Sèh Mangunarsa ||

202. Amiwiti maca Bismilahi | kawiting juj surating saminga§ 1) = Surat 58: Mujaadalah; ayat 1: ungêlipun: Qad sam'allaahu. | langkung pasèkat kir'ate | lagu Ambyola pemut | tunmènawèt sajak Klawirsin | lir tuwan wêton Ngarab | sadaya angungun | santri tuwa nom sadaya | cipta datan kadugi ngaji kadyèki | lir Ke Sèh Mangunarsa ||

--- 12 : 179 ---

203. Swara gêtas rênyah rum amanis | êmpuk mêmbat gêtêr muluh rêmak | karya kêsar tyasing akèh | antara akiripun | nuju têkèng apalirèki | ngalaika kibbulah | ala innalahu | umul muslikun anulya | binarungan sadayanira pra santri | tamat maca Takabal ||

204. Nulya Kae Dimuncar gumanti | surat Kasar§ 2) = Surat 108: Al Kautsar. amaca Bismilah | ilhar kewala kir'ate | antara dangunipun | pan wus têkèng ayat kang akir | tamat maca Takabal | sinauran asru | tinampan Ki Arsèngdriya | Kur'anira wit winaca Bismilahi | apan surat Muskinah(?) ||§ 3) = Sêbutan Surat Muskinah botên wontên ing dalêm Kur'an.

205. Sêdhêng kewala kir'atirèki | kadung kaduk ilhar wawacannya | mung mèt titis kalimahe | pan têkèng akiripun | tamat macaTêkabalnèki§ Prayoginipun / Takabal /. | nulya Ki Cariksutra | gumantya andarus | apan kang Surat Jukinah(?)§ 4) Sêbutan Surat Jukinah botên wontên ing dalêm Kur'an. | wus antara tamat Takabal anuli | sira Ki Carikmudha ||

206. Apan Surat Mustakim§ 5) Sêbutan Surat Mustakim botên wontên ing dalêm Kur'an. dèn-aji | wusnya tamat amaca Takabal | gya Ke Arundarsa rêke | tamat samwacanipunsamacanipun. | nulya Ke Sèh Malangkarsèki | apan Surat Jumungah | tamat Takabal wus | nulya Ki Sèh Anggungrimang | apan Surat Munapèk§ Surat 63: Al Munafiquun. ingkang ingaji | tamat maca Takabal ||

207. Nulya sèrèn mring Ki Jayèngrêsmi | Surat Takabun ingkang winaca | gantya Ki Jayèngragane | Surat Talak dinarus | nulya Ki Piturun angaji | Surat Takrim atamat | tumêkèng ing êjus | maca Pasankurusnawa(?) | akulu lakum paos wilu amri |Kurang satu suku kata: akulu lakum paos wilu amêri. ilalah innalaha ||

208. Basirun ngiban barungan santri | lan pra santri kathah langkung ramya | gya Ki Bayi Panurtane | mundhut mukadamipun | wangsul katur marang Ke Bayi | Panurta gya

--- 12 : 180 ---

amaca | miwiti Surat juj | anuju Surat Mubarak§ 7) Surat 67: Al Mulk; ayat 1 ungêlipun Tabaarakal ... | Kae Bayi nulya maca Bismilahi | apan ilhar kewala ||

209. Anging cêtha kalimahanèki§ Prayoginipun / kalimahirèki /. | datan pati rikat nanging mapan | kewala kampil§ Prayoginipun / gampil /. dulune | antara dangunipun | tamat maca Takabal nuli | sinauran ing kathah | nulya Ki Pangulu | Basarodin maca Surat | Surat Êsun§ 8) Prayoginipun Surat Ênun = Surat 68: Al Qalam; ayat 1 ungêlipun: Nuun ... ilhar wawacanirèki | rindhik rikuh kangèlan ||

210. Tan pati cêtha kalimahnèki | tinuntun sahipun ing kalimah | marang ing kiwa têngêne | Ki Wuragil gumuyu | lan rowange linggih ngling ririh | ta lah kang Ngulu Basar | (n)darus |Kurang empat suku kata: 6u. sêmada kapanca-baya | krêp kasandhung ing klimah tan na lêstari | kaya morod-moroda ||

211. Nora pati janji yèn angaji | pan namung (n)dongani kang ambêngan | ingkung kang dèn-jangjèkake | jawane kang Pangulu | saking krêpe andodongani | ambêngan dalu siyang | mring Kur'an tan wanuh | nèk ngaji kae jêg rikat | krêp ambiyak kêbètane ngong tan uning | yèn dèn-grêmêng kewala ||

212. Samya gumuyu ingkang miyarsi | Ki Pangulu dènnya maca Surat | langkung sangêt talèndhone | tan talatèn kang nuntun | sinêlak Ki Pangulu isin | tamat maca Takabal | nulya kang sumambung | kang andarus Ki Suwarja | Surat Kakah§ 9) Surat 69: Al Haaqqah. arikat dènnira ngaji | pan ilhar kir'atira ||

213. Gya Wiradhustha Surat Mangarid§ 10) Surat 70: Al Ma'arij. | antara tamat maca Takabal | anulya Ki Panukmane | kang winaca Surat Nuh§ 11) Surat 71: Nuh. | tamat

--- 12 : 181 ---

gya Ki Panamar ngaji | Surat Tin§ 12) Surat 95: At Tiin. kang winaca | tamat Takabul§ Prayoginipun / Takabal /. wus | anulya Ki Kulawirya | kang gumantya amaca Surat Mujamil§ 13) Surat 73: Al Muzzammil. | tamat nulya Sèh Modang ||

214. Kang winaca pan Surat Munamir§ 14) Prayoginipun / Surat Al Mudasir = Surat 74: Al Muddatstsir. | tamat nulya Ki Sèh Pariminta | apan Surat Kiyamah-e§ 15) Surat 75: Al Qiaamah. | tamat ingkang sumambung | [...] |Kurang satu baris: 9i. Ki Sêmbagi Suratnya | Mursalat-ing gupuh | maca pamadat kupunya | wa akulu lakup paop wiluamri | ilalah innalaha ||

215. Basirun bil ngiban barung santri | kathah langkung gumuruh swaranya | Ke Bayi pangandikane | padha aso kuruhunkaruhun. | kari sajus ngaringkên dhingin | lah Luci dèn-arikat | pupuluranipun | wedang lawan nyanyamikan | wêtokêna lan kêmbang borèh dèn-aglis | gupuh ingkang liningan ||

216. Nuding para kasinoman santri | kinèn mêdalakên pupuluran | rampadan papanganane | wedang pawohonipunpawohanipun. | sêkar konyohira tan kari | samya lumadyèng ngarsa | wrata sadayèku | Ke Bayi aris ngandika | ngancarani marang tamunira sami | miwah mring kulawangsa ||

217. Gupuh ingkang ngancaran anuli | pan samya ngalap sasênêngira | wedang myang nyanyamikane | ingkang nginang audud | boborèhan sami susumping | antara dangunira | dènnya kukurpulur | santri kèh pating kucapah | nutug dènnya sasambèn sami nyanyamik | tuwuk sadayanira ||

218. Kae Bayi Panurta ngling aris | paran wus nak-putu sadayannya | dènnya padha anggêgape | yèn wus padha anutug | lah Bismilah padha awiwit | sapa bênêre maca | pra kadang umatur | inggih pun paman Jumêna | Kae Bayi Panurta Têkabal nuli | sinauran ing kathah ||

--- 12 : 182 ---

219. Wit juj Surat Ngama§ 16) Surat 78: An Naba'; ayat 1 ungêlipun: 'Amma ... Suratnèki | gantya Ki Jêmpina ingkang tampa | apan Wanaji§ 17) = Wannaazi'aati gharqaan = Surat 79: An Naazi'aat. Surate | tamat ingkang sumambung | Ki Lawatan ingkang angaji | apan Surat Ngabangsa§ 18) Surat 80: 'Abasa; ayat 1 ungêlipun: 'Abasa watawallaa. | tamat takabal wus | Ki Malangbong kang gumantya | Surat Ida-samsu kuwirat§ 19) Surat 81: At Takwiir; ayat 1 unglêlipun: Izasysyamsu kuwwirat. anênggih | tamat gya kang gumantya ||

220. Para kapenakan Bagus Kanjir | Surat Ida patakun patapak§ 20) = 'Izasy samaaun fatharat, ayat 1 Surat 82: Al Infithaar. | tamat gya Gus Ngajujire | apan Surat Waèlul | mutapipin§ 21) = Wailul lil muthaffifin, ayat 1, Surat 83: Al Muthaffifin. tamat anuli | Gus Monot Surat Ida | Samangun sakat§ 22) Surat 84: Al Insyaqaaq; ayat 1 ungêlipun: Izas samaan-un syaqqat. wus | tamat nulya kang atampa | Bagus Bahri Surat Wassama ki natin | buruji§ 23) Surat 85: Al Buruuj; ayat 1 ungêlipun: Wassamaai dzalil buruuj. nulya tamat ||

221. Gus Sarakal Surat Sasamai | Patariki§ 24) Surat 86: Ath-Thaariq; ayat 1 ungêlipun: Wassamaai wath-thaarig. Gus Dawud atampa | apan Sabikin§ 25) Surat 87: Al A'laa; ayat 1 ungêlipun: Sabbihisma rabbikaal a'laa. Surate | Ki Luwaran sumambung | Surat Alhataka§ 26) Surat 88: Al Ghaasyiy'ah; ayat 1 ungêlipun: Hal ataaka hadisul ghaasyiyi'ah. anuli | Ki Jalapura tampa | Surat Alpajli§ 27) Surat 89: Al Fajr; ayat 1 ungêlipun: Wal fajri. ku | nulya Ki Kartisadana | Surat Lakuk§ 28) Surat 89: Al Balad; ayat 1 ungêlipun: Laa uqsimu bihadzaal balad. Ki Balongsong Suratnèki | Wasamsi walukaha ||§ 29) Surat 91: As Syams; ayat 1 ungêlipun: Wasysyamsi wa dhuhaa-haa.

222. Ki Singabarong Surat Walèlli§ 30) Surat 91: Al lail; ayat 1 ungêlipun: Wallaili idzaa yaghsyaa. | Kyai Canthu pan Surat Waluka§ 31) Surat 93: Adh dhuhaa; ayat 1 ungêlipun: Wadhdhuhaa ... | barung tinakbiran ngakèh | anulya Kyai Sampur |

--- 12 : 183 ---

Surat Alam nasrah§ 32) Surat 94: Al Insyirah; ayat 1 ungêlipun: Alam nasyrah laka shadrak. ingaji | gantya Ki Jagapatya | surat Watini§ 33) Surat 95: At tiin: ayat 1 ungêlipun: Wattini wazzaitun. wus | Ki Genjong pan Sura Ikrak§ 34) Surat 96:Al Alaq; ayat 1 ungêlipun: Iqra'bismi rabbikal ladzil khalaq. | gantya magêrsari Pak Rajiyah ngaji | Surat Inna Anjalna ||§ 35) Surat 99 Al Qadr;ayat 1 ungêlipun: Innaa anzalnaahu fii lailatil qadr.

223. Pak Juminah Surat Lam yakunil§ 36) Surat 99: Al Bayyinah: ayat 2 ungèlipun: Laam yakunil ladzinaa ... | Pak Basiyah Idajul§ 37) Surat 99: Al Zalzalah; ayat 1 ungêlipun: Idzaa zulzilaatil ardhu zilzaalahaa. Suratnya | Pak Radiyan pan Surate | Walngadiyadi§ 38) Surat 100: Al'Aadiyaat; ayat 1 ungêlipun: Wal'aadiyaati dhab-haa. nêngguh | Pak Burerah gantya angaji | Pan Surat Alkapiyah§ 39) Surat 101: Al Qaari'ah: ayat 1 ungêlipun: Al Qaariah. | nulya kang sumambung | Lurah santri Gus Munada | Surat Alhakumut§ 40) Surat 102; At Takaatsur; ayat 2 ungêlipun Alhaakumut takaatsur. Gus Yasim Wal ngasri§ 41) Surat 103: Al'Ashr; ayat 1 ungêlipun: Wal'ashri. | anulya Bagus Ilyas ||

224. Surat Wolul§ 42) Surat 104: Al'Humazah; ayat 1 unglêlipun: Wailul likulli humazatil lumazah. nulya Gus Jamjani | Surat Lam-tara§ 43) Surat 105: Al Fiil; ayat 1 ungêlipun: Alam tara kaifa fa'ala rabbuka biash-haabil fiil. nulya Swaka |Kurang satu suku kata: Surat Lam-tara anulya Swaka. Surat li-ila§ 44) Surat 106: Al Quraisy; ayat 1 ungêlipun: Li-iilaafi quraisyin. arèrèn | Kyai Muhkamat Yunus | Surat Araital§ 45) Surat 107: Maa'un; ayat 1 ungêlipun: Ara-aital ladzlii yukadzdzibu biddiin. analianuli. | Ki Amat Mangawiyah | dènnira andarus | pan Surat Ina aktèna§ 46) Surat 108: Al Kautsar; ayat 1 Ungêlipun: Innaa a'thaainakal kautsar. | Ki Matngali Surat Kulya-ayu§ 47) Surat 109: Al Kaafiruun; ayat 1 ungêlipun: Qul yaa ayyuhal kaafiruun. singgih | nulyua Ki Amatdiman ||Lebih satu suku kata: nulywa Ki Amatdiman.

225. Apan Surat Idaja-a§ 48) Surat 110: An Nashr; ayat 1 ungêlipun: Idzaa jaa-a nashrullaahi wal fath. nuli | Ki Monthèl wêkasan Surat

--- 12 : 184 ---

Tabat§ 49) Surat 111: Al Lahab: ayat 1 ungêlipun: Tabbat yadaa abii lahabiw watabb. | tinêbiran sru barung kèh | anulya Surat Kulhu§ 50) Surat 112: Al Ihlaash; ayat 1 ungêlipun: Qul huwallahu ahad. | barungan sakathahing santri | winaca kaplingkaping. tiga | Surat Kulhu-nipun | nulya Surat Palakinas§ 51) Surat 113 lan 114: Falak-Binnaas, i.p.: Surat 13: Al Falaq. ayat 1 ungêlipun: Qul a'uuzu birabbil falaq, Surat 114: Surat An Naas ayat 1 ungêlipun: Qul a'uuzuu birrabin naas. | lan Patekah wus tamat laju waratibrawatib. | [...] ||Kurang satu baris: 7a.

226. Asmangil Kusni§ 52) Prayoginipun / Asmaa'ul Husna /. dipun-singiri | Sèh Mangunarsa Sèh Anggungrimang | amênyêt driya sajake | wong nonton èstri jalu | yêg-uyêgan têpung pandhapi | samya ngayun-hyun mulat | mring kang lagya rawuh | Jayèngrêsmi Jayèngraga | miwah marang pra pandhita kang pra tami | tumêkèng Wanamarta ||

227. Mangkya samya uning warnanèki | takon-tinakon lan rowangira | aranne siji-sijine | ana kang wus kèh tutur | angarani durung patitis | namane kang pandhita | misih salang sêngguh | sawiji kang wus tetela | mung Sèh Mangunarsa kang dèn-uningani | kabèh sapanontonan ||

228. Langkung pangalêmbananirèki | marang sira Ki Sèh Mangunarsa | rimbage paprèjèngane | satu pasêmonipun | lawan sang Sèh Adi Mongragi | wênèh ngaranni uga | yêkti lamun iku | lakine Ni Tambangraras | Sèh Mongraga dènnya lêlana wus prapti | sagarwa kadangira ||

229. Kang wus cêtha anjawil nuturi | wruhanamu iku mono uga | apan iya sapungkure | Sèh Mongraga kang nglangut | wasta Ki Sèh Mangunarsèki | kang tinuturan dhamang | sarwi manthuk-manthuk | sakèhe ingkang tumingal | jalu èstri pra santri gawok ningali | mring Ki Sèh Mangunarsa ||

230. Kadang kulawargane Ki Bayi | miwah para sadaya pandhita | samya jrih asih driyane | mring Sèh Mangunarsèku | rumangsa

--- 12 : 185 ---

yèn kasoran budi | tan ana lumawanna | sakêdaling wuwus | majêmukaning akathah | pan katongton kasingitanira§ Prayoginipun / kawingitanira /. ngindhaki ||Lebih satu suku kata: pan katongton kasingitanya ngindhaki. Baris ke-10 terlewati: / sumunu sênênnira /.

231. Ciptanya Ki Bayi Panurtèki | miwah pra kyai ing Wanamarta | mulat Sèh Mangunarsane | mangsup samya (ng)guguru | geyonganing kawruh sajati | tan pae mring Mongraga | nadyan-tuk liliru | lir datan kèlingan trêsna | suka sukur maring Sèh Mangunarsèki | tan wus kang ngalêmbana ||

232. Dènnya ratib Asmaul Kusna-ni§ Prayoginipun / Asmaul Husna /. | (n)dungkap dhikiriandhikiran. lanlawan. agonan§ Prayoginipun / lagonan /. | ngayun-yun pampêg swarane | asru langkung gumuruh | ramya rahab dèn-sisingiri | anganjat wiwiridan | tarki tinangajul | kang kalawan nafi isbat | wus antara dikir antuk kawan tasbih | bakda ing pajungkungan ||

233. Atawapul kusuk ing Hyang Widdhi | tratib§ Prayoginipun / tartib /. rikat winaca ing kathah | sami kewala rahabe | tamat dènnya asawub | laju maca salawat Nabi | atasing kulawarga | kêrasa sadarum | wusnya nulya maca donga | Ki Sèh Mangunarsa andongani Kamil | Aplal kataman Kur'an ||

234. Jayèngraga ingkang anasibi | imbal kalawan Sèh Anggungrimang | swara ro tambuh pinilèh | swara samya rumipun | kadya barung dèn-panêrusi | aminnira arambah | ambabata-rubuh | sakèhe wong Wanamarta | myarsa swaranira Kae Jayèngragi | lir agring antuk tamba ||

235. Nirnakakên rasaning kang sakit | saking dènnira asuka bungah | tan na winalang-atine | tamat pandonganipun | atakabul salawat Nabi | anulya sasalaman | angadêgi gupuh | makmum maring santri kathah | dêr-idêran dènnya tur salamirèki | mring Ki Sèh Mangunarsa ||

--- 12 : 186 ---

236. Wus warata sadayaning santri | wangsul tata palungguhanira | Kae Bayi Panurtane | pangandikanira rum | marang santrinira Ki Luci | lah wus Luci wêtokna | kandhurinirèku | ingkang liningan agêpah | santri Luci Nuripin lan Jalallodin | ngatak§ Prayoginipun / ngatag /. pawong rencangnya ||

237. Nyaosakên kêndhuri ring ngarsi | ambêng gêng munggèng panjang-giri bang | miwah sarêrampadane | kang ambêng panjang agung | marang para (n)jêng kyai-kyai | kang ambêng lalayahan | rolas ambêng munjung | liya kang ancak supitan | miwah ambêng kang saking pamagêrsari | nèng dhulang tampi tampah ||

238. Ambêng papanganan anèng ngarsi | kinèn amrutah dinum barêkat | wus warata sadayane | ambêng lumadyèng ngayun | wus tinata pamintanèki | ambanjêng nèng pandhapa | ambêng kalih puluh | myang ambêng makmum sidhêkah | Kae Bayi Panurta ngandika aris | mring Ki Pangulu Basar ||

239. Lah wis donganana Basarodin | kajat majêmuk kataman Kur'an | akurmat Nabi mumule | mring pra oliya kang wus | sinung rahmat swarga donyèki | kalawan kirim donga | èstri lawan jalu | lan luwure wong sadesa | Wanamarta luware punagi-mami | salamête kang prapta ||

240. Sigra Ki Pangulu Basarodin | andongani amin ingakathah | ambata-rubuh amine | antaranira dangu | wus tamat dènnira (n)dongani | Ki Bayi angandika | hèh Luci sirèku | pètakên ambênganira | kang warata kabèh nak-putu ywa kari | jalwèstri kang niningal ||

241. Kang liningan tur sandika aglis | nulya dinuman sadayanira | jalwèstri tuwa nom rare | kêpung ambênganipun | sêkul papangananirèki | cukup tan ana kurang | papanthan (ng)gyannipun | Luci matur wus samêkta | Kae Bayi Panurta ngandika aris | marang pra tamunira ||

--- 12 : 187 ---

242. Sumangga jêbèng sami wawanting | tuwin yayi samadayanira | samya kêmbulan kêndhurèn | kang ingacaran gupuh | awawanting lêkas abukti | pakantuk dènnya nadhah | antaranya dangu | luwaran tuturuh asta | kandhurine samya cinarikan sami | dinum barêkatira ||

243. Sa-ambênge ngloroni nêloni | kang mapati akathah bêrkatnya | sêkul lan papanganane | mèh tan kêlar pinanggul | kacu amba kongsi jêmiwit | santri cilik adrêdah | rêrêbutan pandum | kapyukan sarundèng sêga | ting jalêrit sasabêtan sapit abing | gumêrah lês-ilêsan ||

244. Ana ngiloni anake nangis | mrambat salin babah padha tuwa | têndhang-tinêndhang arame | udrêg jagur-jinagur | tan karawun§ Prayoginipun / karuwan /. ingkang pinêndir | krêngan awut-awutan | bithèn ting gêrabug | kang nèng natar kagègèran | ting jarêlih kèh wutah barêkatnèki | kang rinêbut ing rowang ||

245. Samya mudhun santri nèng pandhapi | andêlêng kang padha kakêrêngan | Ki Kulawirya ge-age | sarya ngling sru hus hus hus | ho yah ho yah thèthèkan santri | Cêmplon Singgang Sayadan | setan sapa iku | sing padha kêrah agidrah | mêngko ana uwong cocote dak-lêmbing | nèng kene kakêrêngan ||

246. Kênèng sibat angêgèt-êgèti | apa nora wêruh cêplose mana |Lebih satu suku kata: apa nora wruh cêplose mana. lagya (n)Jêng Kyai kêtamon | padha wong edan taun | nora angon tinon si Jopris | kang ingaruhan bubar | samya glis lumayu | ana kang matur punika | tan kantênan wiwitipun rare alit | nuntên dados wong tuwa ||

247. Samya sampun lumajêng mring jawi | Ki Bayi ngling alah uwis Wirya | ywa sasrêngên maningane | wong padha rêbut puluk | kaya aku biyèn dhèk cilik | arame rarêbutan | mangan kêmbul rusuh | wus adate santri bocah | kang pra tamu sami mèsêm aningali | mring Ki Bayi Panurta ||

--- 12 : 188 ---

248. Lingsir dalu wayahe kang wêngi | Kae bayi alon dènnirojar | anak putu sakabèhe | sêdhêng bubaran mundur | sesuk arêp anambut kardi | gupuh ingkang liningan | pra santri sadarum | myang magêrsari sudagar | gumarêdêg samya mundur bubar mulih | kantun kang para kadang ||

249. Miwah para tuwa samya linggih | Kae Bayi Panurta ris nabda | maring kang para kadange | padha majuwa lungguh | paparêkan bae abêcik | nulya samya mangarsa | kupêng têpung dhêngkul | Ki Suwarja Wiradhustha | Ki Panukma Panamar Kulawiryèki | Kae Pangulu Basar ||

250. Kang pra tuwa Jumêna Sêmbagi | Ki Jêmpina Malangbong Lawatan | myang para kaponakane | lungguh nèng wurinipun | uwakira Kiyai Bayi | Ki Sêndhi Kulawirya | mèsêm dènnya muwus | wakane Ki Ngulu Basar | barêkate rong ikêt mêlêp bak isi | cupêt sinambung tampar ||

251. Bok santrine kèn ngulihkên dhingin | angandhukur sinandhing kewala | Ka§ Prayoginipun / Ki /. Basar ngling hêng kajênge | Ki Wirya sru gumuyu | binarungan rewange linggih | Ki Bayi atatanya | apa kang ko(k)guyu | Ki Kulawirya turira | pan punika kang Pangulu Basarodin | tan pisah lan bêrkatnya ||

252. Angandhukur buntêlan nèng wuri | kawula kèn ngantukkên rencangnya | sauripun hêng kajênge | bangêt têmên kang Ngulu | dènnya datan ngandêl mring santri | Ki Pangulu anjola | ngalih dènnya lungguh | sarwi barkate ginawa | lêt patang wong (ng)gèn dalêm kula alinggih | sarwi agarundêlan ||

253. Yèn sandhingan lawan Ki Wuragil | jêlèh bosên wong sok pinoyokan | tan ana luwasing gêtèh | pancèn rada kêbanjur | anggêgarap mêndêng wong siji | (m)bok ya towang sapisan | sabên-sabên têmu | angajêg bae (ng)gêgarap | gur-anggure maring wong ajowal-jawil | tan kêna sinandhingan ||

--- 12 : 189 ---

254. Samya suka gumuyu kang myarsi | Ki Wuragil Kulawirya latah | e e kang Ngulu ngalih (ng)gon | dèn-plalah usung-usung | ngungsèkakên bêrkate cicir | ambakna tan andêlan | dèn-êtohi lampus | iku sing diandêl sapa | têka bangêt têmên wong ing jirmujijir | cêthil nanging cêtholan ||

255. Saya (n)dadya paguywan Ki Rodin | Kae Bayi Panurta ngandika | wong wus watak mono priye | ya iku lungguhipun | wong narima rêjêkèng Widdhi | sukur rahmaning Sukma | panganing tumuwuh | iku kang bênêr maningan | pintêr ngati-yati sarating aurip | watir katilap pangan ||

256. Yèku ran ngandêl dina kang kèri | sesuk manèh ana kang pinangan | ngawruhi mutawatire | pamrih samono iku | pèndah nêngguhakên tyasnèki | kang supaya rosa-a | pangibadahipun | asarat kalawan pangan | pan utama wong gêmi marang rijêki | sêmpulur sandhang pangan ||

257. Ki Pangulu mèsêm namur liring | sêgu-sêgu sêmu tyase bungah | dèn-bênêrakên watêke | ngliringe anglêlêngguk | asasmita marang Ki Wragil | Ki Kulawirya mulat | anjêngèk gumuyu | i i bilah wakne Basar | dene muncu-muncu kaya ngêmut klênthing | èsême bêranahan ||

258. Pirang-pirang pènang ting kêcumik | gênti dhuwur pipine kang Basar | kongsi apego wangune | sadaya gêr mumuyugumuyu. | myat kang poyok dene patitis | cèplês kang pinoyokan | pantês ambubusur | yata wau pra waela | Ni Malasih Wilapa lawan Palangi | Turida Rarasatya ||

259. Mijil saking wisma mring pandhapi | sarwi ngirit kang nampa dhudhulang | rampadan dhadhaharane | laju tinatèng ngayun | Ni Sumbaling wadon Cênthini | samya ngandhèr rampadan | wusnya samya mundur | Ki Bayi alon ngandika | lah sumangga punika pangusap amis | won kèndêl mamangsêgan ||

260. Ingkang cinaran sadayanèki | samya angalap sasênêngira | wowohan sasêgêrane | Ki Bayi ris amuwus | Kae jêbèng Mangunarsèki | pun bapa atatanya | rèhne sampun sêpuh | kêdah

--- 12 : 190 ---

angupaya sabda | kang sanyata kawruh dènnya praptèng akir | sampurnaning agêsang ||

261. Kadi kang sampun kasêbat Kadis | têtêrusanipun kang mutêlak | mênggah tanggap kita rêke | pangandêl kang saèstu | kang kaucap ing kitab singgih | kang ingupamakêna | jalma ingkang luhung | kang dhingin ngandêl ing Allah | lan angandêl ing malaekating Widdhi | angandêl ing Utusan ||

262. Ngandêl ing kitab lan dina akhir | untung bêcik lawan untung ala | saking Allah iku rêke | singgih ingkang punika | pan pun bapa dèrèng andêling | mênggah pangandêl kita | kadipundinipun | trap ngandêl mungguhing Allah | sadayanya ing pangandêl kadipundi | mugi andhanganana ||

263. Ki Sèh Mangunarsa turira ris | murading ngèlmi kang wus kaucap | ing kitab Sitin yaktine | mirat raosing ngèlmu | tan tanasup maring sawiji | sarak ingkang ahli kak | pae mangsudipun | kêdah lid kalih prakara | sarengatan kang ahli mangaripati | pan pae panganggêpnya ||

264. Yèn ing bangsa sarak agêmnèki | pangandêlipun mungguhing Allah | angandêl dening napine | pasthi kuwasanipun | karya titah lawan pribadi | gaib sakarsanira | tan kenging winêruh | akarya sapta bantala | sapta kasa dumadi saisinèki | datan lawan rêkasa ||

265. Sarta warna-warna malèkatim | seasya-adabah istitdêlal | jirim mukim makluk kabèh | sapangkat-pangkatipun | pae-pae paekanèki | tan wontên kang sarupa | solah-bawanipun | ambedakkên sèsining-rat | sarta datan kapindho karsaning Widdhi | dadi lawan sapisan ||

266. Nitah pati urip dan ming-kalih | karya elok tamating atitih | lajêng tan ana sampune | kalawan malihipun | ngandêl maring malekat nênggih | latib sinung babagan | ingkang murakabun | sakawan pangibadahnya | Jabarail nurunkên wahyu nulisi | kang panggawe utama ||

267. Mikail kang nurunkên rêjêki | tuwuh kalawan siraming toya | Israpil pangaibadahe |Lebih satu suku kata: Israpil pangibadahe. niyup sasangkanipun | amadhangkên

--- 12 : 191 ---

surya lan sasi | gêng aliting maruta | Ijrail kang juru | mêcat sakèh panguripan | nurunakên lalara tumêkèng pati | kang tan kêna tinambak ||

268. Kaping tri ngandêl Rasuling Widdhi | panjênênge Nabi kang kinarsan | pautusaning Hyang rêke | kang wus sinungan ngèlmu | tinurunkên saking Hyang Widdhi | kalawan amuruka | kwulaning Hyang Agung | kang bangsa mukmin kang ngaral | amardiya ing pakon kalawan sirik | kang mrih agama mulya ||

269. Anyêgaha panggawening eblis | atas kalawan winêruhêna | marang agama sukcine | rare tumêkèng pikun | pinandhitakakên ing Nabi | wong tuwa kang dadi Man | musanip dinunung | Nabi wrananing Hyang Sukma | kinarilan sasèrèn bakdaning Nabi | panjênênging narendra ||

270. Datan pae lan jênênging Nabi | pangastanira adil kukumah | anrapkên tan kêna mèngèng | miwah pamardinipun | maring dasih ywa tibèng nisthip | dosa durakèng Sukma | naraka tinêmu | rangu ngatokkên dadalan | maring ala bênêr bêcik lawan sisip | jrih sungkêm ing agama ||

271. Pangandikaning narendra pasthi | tunggil pangandikaning malekat | nabi wali sasamine | dadya idayat tuhu | sasat pangwikaning Hyang Widdhi | tan inang ing kahanan | ring dasih sawêgung | nabi wali lan malekat | kapat ratu kinarya badaling Widdhi | warananing Hyang Sukma ||

272. De angandêl ing dina kang akir | singgih ngagêsang kita punika | wêkasan pati tan wande | muslim ing dalêm kubur | tampi purbanira Hyang Widdhi | siksa lawan ganjaran | ing sakadaripun | mung tênêrsandha kewala | ingèngèyan mangke maksih angêntosi | (n)dungkape dina bangas ||

273. Anèng ngriku panêksiring Widdhi | kathah kêdhik ngamaling ngagêsang | miwah lawan kiyanate | pan samya tinaraju | ing pasiksanira pribadi | kang êntèk anèng bangas | miwah ingkang durung | bisa êntèk anèng bangas | têtêp kêkêl anèng sajroning yomani | lan kang pinanci swarga ||

--- 12 : 192 ---

274. Wontên têlas nèng bangase kèksi | wontên têlas siksa nèng kuburnya | wontên têlas duk donyane | nir tan na dosipun |Kurang satu suku kata: nir tan na dosanipun. tan pae lan kang ngadosèki | siniksa duk nèng donya | têkèng siksa kubur | kongsi têkèng dina bangas | laju têtêp nèng nraka salaminèki | mêntas-mêntas yèn pasa ||

275. Untung ala lawan untung bêcik | pan kagunganing sira Pangeran | kang sipat kamurahane | asih ing akiripun | langgêng datan kênowah gingsir | kita kulaning§ Prayoginipun / kwulaning /. Sukma | tan ngrasa angaku | pan kumambang ing wisesa | mung Alkamdulillahi rabbil ngalamin | wala-wala kuwata ||§ = la haula wa la quwata.

276. Illa hilabil ngaliyil ngalim§ = illa bi lahil'aliyil' adhim. | pan makatên lir murading makna | kabastu ing têrtamtune | kang mungayaning ngèlmu | Kadis kadi saraking Nabi | Kae Bayi Panurta | myang sadayanipun | ingkang amiyarsa sabda | cipta sakalangkung tan bisa ngundhaki | titise liding murat ||

277. Nadyan sami bisa amuradi | maknani lapal Kadis nèng kitab | pan kaot dhèmês amoncèr | tan amapali wuwus | marang Ki Sèh Mangunarsèki | ramping rampungannira | Ki Bayi angungun | miwah ingkang para kadang | myang pra uwa cipta tan ana bedaning | mring sang Sèh Amongraga ||

278. Dadya samya wêwah jrihira sih | marang sira Ki Sèh Mangunarsa | miwah Ki Bayi angêne | kadya maksih kadulu | putra mantu sira Mongragi | cumêplonging wardaya | susurupaninpunsusurupanipun. | miwah kang para waela | Ni Malarsih sumêdhot raosing galih | myat ring Sèh Mangunarsa ||

279. Datan siwah lan Sèh Amongragi | salêkêring pamuluwanira | mung swara manis arume | saratane pamuwus | sakalire datan ngêdohi | Kae Bayi Panurta | ris andikanipun | Kae jêbèng

--- 12 : 193 ---

Mangunarsa | langkung mindhak dhangane raosing kapti | miyarsa liding murad ||

280. Kadi alit satunggile malih | padhangêna jêbèng ta pun bapa | Sèh Mangunarsa ature | ambêg pangandêlipun | ingkang ahli mangaripati | mangandêle ing Allah | dene ananipun | alawan pribadinira | ingkang datan kalingan raina wêngi | tan kalingan ing padhang ||

281. Tan kalingan ing papêtêng tuwin | tan kalingan ing bantala kasa | sèsining rat sadayane | tan kalingan sa-amun§ Prayoginipun / asamun /. | siring§ Prayoginipun / sliring /. angin pon tan ngalingi | pan maujud balaka | pan tansah kadulu | ing dalu kalawan siyang | tansèng tingal tan kawêran ingêksi |§ Prayoginipun / ing pangèksi /. tan kalingan ing aran ||

282. Katon bae tan ambêloloki | saparanne kang tanpa pinaran | katon saparibawane | tur langgêng ananipun | salaminya datan kasilib | saking sakêdhap netra | êkak ananipun | tan ninang kaanannira | anganakkên anane ingkang dumadi | jumênêng dhawakira ||

283. Pangandêle para malekati | pan angandêl ing pangucapira | kang tan kalawan lathine | singgih sakawan dunung | myarsa tanpa karnanirèki | ningali tanpa netya§ Prayoginipun / netra /. | ngambu tan granèku | rêke sami babagan kak | amastara ing dhiri lawan pribadi | amanat rasa sabda ||

284. Pamiyarsa kang muntalèk dêling | paningal kak kawasing kasidan | kang mutlak wujud mokale | wus talèk ing pangambu | kang minangka wanana-dhiri§ Prayoginipun / wahana /. | dhadhar kalawan dhawak | pangandêling Rasul | karsa rasaning alapa | surasaning tahên galinggang inapti | ciptamayèng wardaya ||

--- 12 : 194 ---

285. Cipta ripta rasa budi singgih | alantaran lan pribadinira | angandêl dina akire | ing agêsang puniku | datan ana patinirèki | lamun ta yèn matiya | tan na uripipun | angandêl ing urip kita | urip ingkang datan ambêg srana bukti | angujlat nadhah brangta ||

286. Pati tan kingang ingaran mati | rêke kewala ngalih panggonan | kalawan ing pribadine | untung ala lan ayu | saking dhawakira priyanggi | wus kawas sing kasidan | muhung ing Hyang Agung | mardika sasamèng titah | datan cawuh ing sawênyahipun jalmi | wus wisuswaning Sukma ||

287. Wa-punika sumangga ing kapti | rèhne atanggap dungkaping rasa | pinardyèng tyas kajatène | Ke Bayi Panurtèku | duk miyarsa wêdharing pangling§ Prayoginipun / angling /. | sarya nor wuwusira | sumangga ing kalbu | rêke andhèrèk kewala | rèhning sampun purna surasaning ngèlmi | kadadyaning kasidan ||

288. Ewa samantên ing ngriku sami | yayi Adimuncar Arsèngdriya | lawan para sadayane | singgih manawinipun | taksih wontên raosing galih | sumangga winardiya | surasaning wuwus | sadaya samya norraga | turira tan wontên sumêlanging kapti | rèh wus sampurna sabda ||

289. Kang pra kadang myang pra tuwa sami | langkung dènnira narimèng driya | sarta pangalêmbanane | mring Sèh Mangunarsèku | kang wus putus ing kawruh jati | kang sampurnaning rasa | sabda kang linuhung | cipta anggugu sanyata | tan pae lan mring sang Sèh Adi Mongragi | samya sudud§ Prayoginipun / sujud /. ing driya ||

290. Kae Bayi Panurta ngling aris | marang sira Ki Sèh Mangunarsa | Ke jêbèng saupamine | pun bapa yun papangguh | lan rakanta Sèh Amongragi | saking dahat pun bapa | wulangun kalangkung | punapi singgih sagêda | Ki Sèh Mangunarsa aturira aris | mring Ke Bayi Panurta ||

--- 12 : 195 ---

291. Mênggah karsa paduka (n)Jêng Kyai | kadi dèrèng kenging kinantêna | sabab wus babagan sae | sampun mangsa sah-alus | datan cawuh sasamèng janmi | ginanaling dadakan | tan bastu ing kayun | wontên ing priyangganira | kêdah mawa adudupa ing ngasêpi | anèng ing pasimparan ||

292. Pan kinayun kalawan prihatin | sarat benjing ing malêm Jumuwah | angayun-hyun manawine | wontên karsanya rawuh | Kae Bayi turira aris | singgih jêbèng sumangga | kewala tumutur | paran kang dadya rèhanta | Kae Adimuncar lan Ke Arsèngbudi | miwah Ke Cariksutra ||

293. Carikmudha Arundarsa tuwin | Sèh Malangkarsa samya ris nabda | marang Sèh Mangunarsane | yèn pinarênging kalbu | singgih kula puniki sami | dahat ayun papanggya | marang kang maha-lus | nujêmba Sèh Amongraga | mugi Kae jêbèng sung jalar udani | sakêjat§ Prayoginipun / sakêjab /. ing paningal ||

294. Sèh Mangunarsa nauri aris | mugi-mugi samya sinêmbadan | kayuwanan pangahyane | sawusira samya yun | Kae Bayi Panurta angling | sêdhêng sami luwaran | wus lingsiring dalu | kewala enjing wangsula | majêmukan sarèhne nêmbe papanggih | yayi kalawan reyang ||

295. Kang liningan tan lêngganèng kapti | samya tur salam sadayanira | lèngsèr mijil mring dununge | Ki Bayi Panurtèku | maring patajuganirèki | para waela marang | dalême anêngguh | wismane Ni Tambangraras | tan cinatur ing dalu kang samya guling | enjing bakdaning salat ||

296. Wusing Subuh nulya Kae Bayi | pan pinarak anèng ing pandhapa | samêkta gagêlarane | mijiling surya mèru | Kae Bayi nuding mring santri | kinèn angaturana | sadaya pra tamu | agupuh ingkang liningan | santri Luci Nuripin lan Jalalodin | Monthèl samya lumampah ||

--- 12 : 196 ---

297. Tan na dangu ingaturan prapti | sira Ki Sèh jaka Mangunarsa | ngancaran lênggah nulya ge | samya sung salamipun | lênggah nulya wau kang prapti | Jayèngrêsmi kalawan | Sèh Malangkarsèku | tur salam nulya kang prapta | Ki Sèh Anggungrimang lawan Jayèngragi | tur bêkti tata lênggah ||

298. Tan na dangu ingkang samya prapti | Kae Adimuncar Arsèngdriya | Rundarsa Cariksutrane | Carikmudha tan kantun | Ki Sèh Modang Parimintèki | Ki Piturun kalawan | Palakarti pungkur | miwah ingkang para kadang | Ki Suwarja Wiradhustha lan Panukmi | Panamar Kulawirya ||

299. Miwah Ki Pangulu Basaroddin | pra tamu samya tur salamira | tur sêmbah para kadange | têpung tata alungguh | nulya para tuwa kang prapti | Ki Sêmbagi Jumêna | Jêmpina tan kantun | Malangbong lawan Lawatan | Jagacatur Jagipura Janggapati | lawan Kartisapala ||

300. Ki Bêlongsong Ki Gonjong Ki Tamil | Ki Luwaran miwah Ki Abungan | myang kang pra kaponakane | tur bêkti samya lungguh | atap andhèr anèng pandhapi | miwah kang pra waela | marêk anèng ngayun | Nikèn Malarsih Wilapa | Ni Palangi Turida lan Rarasati | Malarsih nuding rowang ||

301. Nyai-nDaya Sumbaling Cênthini | kinèn nyaoskên nyamikanira | ingkang ingatag nulya ge | miwah pra santrinipun | jalu èstri samya ngladèni | dhadharan (n)jing-enjingan | rarampadan agung | Sumbaling Cênthini-nDaya | kang anata lancaran anèng ing ngarsi | wedang pawohanira ||

302. Nyanyamikanira amêpêki | carabikang lan juwadah jênang | dodol kupat balendrange | kêtan kalawan madu | gêmblong lèmpèng ulèn gulali | ledre lan puthu mayang | jêmunak wug-awug | bakaran dhèndhèng gêpukan | gêgorèngan prit-pêking kathik gulathik | rèngan gangsir ampalan ||

303. Wusnya tata mundur kang ngladèni | nulya rubiyahira pra-kadang | prapta tur dhadhaharane | laju tinatèng ngayun | kabantonan ambêng kêndhuri | kang dèrèng tur punjungan |

--- 12 : 197 ---

sa-ambênganipun | [...] |Kurang satu baris: 8a. ingkang sampun nadar maring putra kalih | nadar mring Mangunarsa ||

304. Miwah randha ingkang sugih-sugih | samya tur kêndhuri punjungan |Kurang satu suku kata: samya atur kêndhuri punjungan. anggili sarêng praptane | anèng pandhapanipun | kinumpulkên para kêndhuri | Kae Bayi Panurta | lon andikanipun | sumangga kang pasèmèkan | sumapala (ng)gyanningsun ngukus pribadi | (m)bomkayu(m)bokayu. jêngandika ||

305. Kang ingancaran umatur inggih | samya angalap sasênêngira | wedang myang nyanyamikane | jalwèstri samya mulung | pupuluran sasukanèki | Kae Bayi Panurta | angling mring Pangulu | lah Basar wus donganana | salamête nak-putu kajat kêndhuri | Pangulu tur sandika ||

306. Sarwi angalih (ng)gyannira linggih | amangulon mêdhaki ambêngan | Ki Kulawirya guyune | angguguk sarwi muwus | i i bilah kang Basarodin | mak blênyêng lèhe lunga | tan kongsi tinuduh | akêbat cukat tangginas§ Prayoginipun / trangginas /. | bagas kuwarasan yèn ana kêndhuri | asrigak§ Prayoginipun / asigrak /. tandangira ||

307. Sakèhing lara sami abali | sakèh lêsu-lupa sami lunga | nangguh ambêngan dulune | sakèh boja tan luput | ingkang êmpuk milihirèkeGuru lagu seharusnya: 9i, ingkang êmpuk milihirèki. | suwe-suwe mêraman | kan sing atos katut | kang Basar lamun dèn-undang | yèn tan nganggo ambêng glis jare panastis | rumab adhêrodhogan ||

308. Gêr gumuyu sakèh kang miyarsi | Ki Basarodin agarundêlan | andêlêna yèn angomèh | ngladèni wong kêbanjur | kêmba uwang yèn tan moyoki | angur mênêng kewala | adawa nyang umur | anulya amaca donga | sangsaya sru sadaya tan kobêr amin | tamat pandonganira ||

309. Kae Bayi Panurta ngling aris | Luci yèn ana ambêng prayoga | têka têlung ambêng bae | santri Luci agupuh | milih ambêng kang panjang giri | apan wontên sakawan | sinaoskên ngayun | kang kari pinandum kathah | wong sawidak ambênge angloloroni |

--- 12 : 198 ---

maksih lanjar ambêngan ||

310. Sinungakên ing santri pamburi | Ki Pangulu angambil kewala | barkat têlung ambêng dhewe | nadhah milya ing ngayun | barkat kinèn dinoking wuri | awor lan Ki Lawatan | dènnira alungguh | Ki Bayi mèsêm ngandika | bok ing kono tunggal dhi-adhimu linggih | awora padha tuwa ||

311. Ki Pangulu umatur o inggih | ngriki kewala sampun sakeca | tan wontên kang ngorèg-orèg | kaop sami balilu | asandhingan tiyang anglungit | jrih mring kang angrêncaka | tan wande dèn-wangun | Ki Kulawirya alatah | ih du-bithi mêtu gagambènirèki | kathik nanggonganggo. mrênjaya ||

312. Dene kaya wong pujangga wasis | ulah prana nabda kawirêja | tur ta tan wruh pa [pa]Kurung besar berisi aksara Jawa pa. pincange | muwuskên luhung-luhung | ngêgèt-gèti kumêrki dhidhis | yèn kang Pangulu Basar | guna-gunanipun | amandêng wong dundum bêrkat | papanganan kacèk kalècanekalecane. siji | umrês dadi prakara ||

313. Ngaku balilu Ki Basarodin | nèng (ng)gon-kulon lèh bêrkat wutuhan | ngetan mèlu mangan kene | singgane nganggo dinum | barêkate pan olèh maning | dhèk makotên kang Basar | dobol (ng)gih kang Ngulu | gêr ginuyu ing ngakathah | Ki Pangulu mèsêm anggarundêl ririh | ambakna wong nanêrka ||

314. Kêbangêtên dadi wong Ki Sênji | têmên kabacut olèh§ Prayoginipun / lèhe /. sêmbrana | mêmoyok anjêlirake | têkan kang tan kawêtu | tan kawasa simpên dudugi | giniyarakên kathah | pèk makotênipun | pan wus limrahing ngakathah | dadi kula makotên karêpanèki | drêma dèn (ng)go paguywan ||

315. Mèsêm sadaya ingkang miyarsi | têka kumêcêgkumrêcêg. pamoyokira | Ki Bayi lon andikane | ya wus bênêr sirèku | priye manèh wong angingoni | anak rabi maningan | Ki Basar umatur | o inggih mila punika | kadar pintên tiyang amlang angulati | rijêkining Pangeran ||

316. Kae Bayi Panurta ngling malih | lah suwawi sami wiwijikan |

--- 12 : 199 ---

kêmbul sasèmèkan rêke | ingkang liningan gupuh | jalu èstri sami wawanting | kêpung ambêng priyangga | pra waela kakung | (n)dan lêkas sami anadhah | apakantuk dènnira sami abukti | kalawan santri kathah ||

317. Ting kucapah pra santri gêng alit | wus antara dangunira nadhah | luwaran turuh astane | ambêngannya pinandum | wus antara sadayanèki | Ki Pangulu ambêrkat | sa-ambêng dhewe gung | Kulawirya gumuyo-jar | lah ta apa bêrkate kang Basarodin | gênêp bojone papat ||

318. Patang ambêng lan sakacu mlipis | dudu kacupan ikêt balaka | kongsi jêmiwit buntêle | Ki Pangulu amuwus | dhasar tukang ngaruh-aruhi | nora (n)dadèkna bêlang | ngur mênênga uwus | ngladèni wong kêmba uwang | karêpane angguguyu wong malênthi | bungahe wong saomah ||

319. Kae Bayi Panurta ngling aris | iya bênêr si Rodin maningan | wong padha mikir pakolèh | lan wus mèluwa Ngulu | suwe-suwe mênèk garipis | yèn gêrang kaya wungkal | uwakmu kang lêmu | wis ta muliya dèn-kêbat | lan (ng)gawa-a manèh panganan nêm piring | Ki Pangulu agêpah ||

320. Ngling lah inggih anuwun (n)Jêng-kyai | nulya ngambil nêm piring sinuntak | ginembol nèng kulambine | Kulawirya gumuyu | lo lo dadak amimilihi | bok aja sing nak-enak | bae kang dèn-jupuk | pêlêm dodol jruk pacitan | manggis duryan surabi bang lawan wajik | juwadah puthu-mayang ||

321. Ki Basarodin mèsêm nauri | dandanan wong wontên yèn pakangsal | sapintên niki sapele | taksih kathah kang kantun | rêjêkine (n)Jêng-Kyai Bayi | sarwi ngadêg kabotan | (ng)gawa bêrkatipun | ambêntoyong sagembolan | kang binuntêl ing srêbèt ginawa santri | lawan patang ambêngan ||

322. Ginaguyu mring sakèh kang uning | myang santri sadaya abubaran | sami anggawa bêrkate | kantun kang para tamu | miwah kadangira para ri | angingkup palungguhan | têpung adu dhêngkul | Ki Wuragil Kulawirya | anêmbrama nor patanyanira

--- 12 : 200 ---

aris | mring Kae Cariksutra ||

323. Aminto-jar ngong kakang Kiyai | amyarsakkên ling paduka kakang | duk wingi paduka rêke | saking jujuling kalbu | dèrèng pati (n)dungkap tyas-mami | sadalu (ng)gèn-kawula | angraoskên wuwus | kakang Kae Cariksutra | angondhèkkên srat Wiwaha pun-purwani | Parta Amintaraga ||

324. Madyèng mamati jroning ngaurip | kadhatêngan cobaning Bathara | wranggana sapta sikine | tyasnya têguh tan keguh | datan lèmèr mring widadari | juwêt samya-(n)jajawat | jawata tan uwus | anggodha sang Dananjaya | Sang Hyang Gurupati Hyang Maha Pramèsthi | rupa Kilatarupa ||

325. Nukmèng kasantikanira pinrih | mêtyag ganal akral kara-kara | kêrangkus mijil batine | Jagadnata linuhung | ingubayan Parta naguhi | ngênirkên gar sukêrtan§ Prayoginipun / sukêrta /. | -nira jawata gung | kalêngsananirèng§ Prayoginipun / kalêksananirèng /. aprang | soring ripu dur mati pinasopati | rêksasa tanpa sesa ||

326. Wusing ganjur ginanjar apsari | sakêthi dyah wrangganèng Kaendran | nèng Tejamaya kayange | pura mangka swarga gung | sinung têngran Prabu Kalithi | syu(?) Kumbang-alinglingan | antuping ngapupuh | tulus muktyèng Ngendraloka | Janaloka Sang Karithèng Suranadi | tumunlyantumulyan. laku lara ||

327. Ingkang punika kakang Kiyai | kadipundi dhadhaupanira | trap tingkahipun samangke | ingkang sèstu kadyèku | jarwakêna ingkang patitis | sidadari lirira | kajateyanipun | myang dewa kajateyannya | lawan Dananjaya nèng Tejamayadi | tan anèng Marcapada ||

328. Anèng pundi sajatinirèki | sakalangkung kawula tan (n)dungkap | ondene ngèlmu lèjême | Cariksutra gumuyu | de pêrmana têmên dhi Ragil | atanya kajatènan | andhèyaning§ Prayoginipun / ondheyaning /. ngèlmu | kula ragi kakirangan | paribasan dhadhalang tan wruh ing ringgit | dadya dongèng kewala ||

--- 12 : 201 ---

329. Kae Bayi Panurta ngling aris | kasinggihan Kae Cariksutra | lêrês rinta patannyane | singgih patannyanipun | angindhaki kikmating ati | amanggihakên dhangan | susurupanipun | mèsêm Kae Cariksutra | pan sumangga ing ngakathah amastani | kawula nut kewala ||

330. Kae Adimuncar angling aris | Arsèngbudi Kae Malangkarsa | samya ris pangandikane | mangga sami winuwus | patannyannya yayi Wuragil | supadi musawarat | surasaning wuwus | Ki Cariksutra ris nabda | yayi Kae Wuragil Kulawiryèki | bisa gawe kangèlan ||

331. Kawruh misih sruwang-sruwanging ngling | dèrèng kenging winatês jatinya | amung omong-èmèng bae | mangkya rampunganipun | nèng Kae Sèh Mangunarsèki | ngong grabahi kewala | wawadhaganipun | dèrèng darbe kakêncêngan | mugi mangke kang sami nêdya maoni | marma ing kasisipan ||

332. Kang miyarsa mèsêm nauri ris | inggih yayi Kae Cariksutra | aywa sandiyèng driyane | ing sapikantukipun | inggih sami rinêbating ngling | kadi datan salaya | papagutanipun | Ki Cariksutra ris mojar | yayi Sêndhi mungguh palimpinganèki | sang dwija Mintaraga ||

333. Lirnya dènnya amamati-raga | pandak amidak ing dukacipta | alanggat pasêmadine | kawidikaning wahyu | ayuwa na saking dur-wèsthi | waskithaning Bathara | thikaning driyèstu | inastuti tataning tyas | wus kawawas ing wêkasan wus matêsi | têgêsing kasantosan ||

334. Nir sariranira liru dhiri | dhiri Sukma jiwangganta raga | ngalela tanpa awêne | pendah sela tumugu | têgêl lalis kalis salirning | jati jalma jatmaka§ Prayoginipun / jatmika /. | linang Sukma tuhu | sarira mari karênga | sang dwija nung manêkung nis ing pangikis | anukma ring Sukmana ||

335. Para rum-raya ningali ringgit | lawan Ki Jatar manjur-mangunjar | yèn pisah lan pulunane | yayi ingkang puniku | widada ri lamun ingringgit§ Prayoginipun / angringgit /. | datan tumamèng karsa |

--- 12 : 202 ---

maring sang amêngku | ing (n)don muga kasamana | inggih sawêg kulinèng pangèksi nunggil | ingkang dadya panggotan ||

336. Sangkan paran kang karasa dening | cacangkoke saking panggaotan | kêsêl linu lupa cape | yèku dadya pamurung | kang pangrusaking tapa yayi | Ki Kulawirya mojar | sarwi wor gumuyu | yèn kadi makatên kakang | kadulu salêmut mangka widadari | kang pra endah namanya ||

337. Samya suka gumuyu pra sami | Ki Kulawirya malih tatanya | mungguhing karêp bontose | Ki Cariksutra muwus | kang jumênêng iman sajati | pan datan mong saêrah | lêmbut jatènipun | sipat langgêng kawujudan | mijil saking pangayunaning kapti |§ Kirang sawanda, prayoginipun / pangayunanirèng /. pawitèng brantaning tyas ||

338. Pan sakawan bangsaning dumadi | undhuking tawang tumamèng nir tyas | pêncar sakawan paranne | kawiluting ngawuyung | tan lyan margèng saking pangèsthi | anrusing iman raga | luhunging pandulu | maot yèn wus kajumbuhan | sinung rahmat kang badhe sujanma luwih | gadhangan bangsa klimah ||

339. Têguh cêngêngira tan mèngêti | nging sakalir kang was wus kawawas | dadya tama salawase | sakèh mosiking laku | kayangane Teja-maladiTeja-mayadi. | jumênêng Hyang Surasa | jalma kang wus luhur | kèksatmata niring tingal | langlang datan campuh sasamining janmi | dunung kradyaning swargan ||

340. Ajujuluk sang Prabu Karithi | Kombang ngali-yali têgêsira | karsa kang binagusake | niringrat kang rahayu | datan ninang karsaning Widdhi | sakyèh barang pratingkah | wiji wisesakuwisesèku. | tunggal tan salayèng karsa | ganal alit linukita sangsayaning | mung Hyang Latawal Ujwa ||

341. Winong ing sakayunirèng osik | dèn-mangrêp sang syuh Kumbang-ngalingan | klilan ngrurah rum-arume | sasmitaning aluhung | ngingsêp madu mungêling sari | sari ruru ring kisma | kantun ganda marbuk | puspita kari anggana | Dananjaya

--- 12 : 203 ---

winong (ng)gyannya (n)dan-mangungsir | ngingsêp maduning sêkar ||

342. Ambêking dyan ring sasana adi | kadi punapa lamun unggula | puspita ring brêmarane | katingkês rèhning§ Prayoginipun / rèhing /. kayun | jalma ulah utamèng lungit | tan wrin sakèhning gama | angulapi luhung | kang endah-endah kaèstha | yêkti mokal sinistha bisa abêsmi | kaluhuran wus tama ||

343. Sampun bêdhol rêrasan upami | mangsa-borong pan sumanggèng karsa | kita mung rêke andhèrèk | paranên mênggah etung | sami ugi kajatyannèki | sumangga ngewahana | sukur ing pamuwus | kadi ta toya sumrambah | Kae Kulawirya langkung sukèng galih | marang Ke Cariksutra ||

344. Basa-thika wau kang ginupit | wau amawi thikaning driya | kêkêling rasa lawase | yèn thikaning driyèstu | wahananing tyas ngati-ati | Bagawan Mintaraga | lèlèjêming sêmu | yèku tulising wardaya | singgih pan wus tètèse prana kang adi | carita jro wardaya ||

345. Kulawirya gumuyu sarya ngling | nora jamak Kae Cariksutra | nglêngês wilêt ngês jarwane | alêbda para tangguh | sor dhadhalang amanggung ringgit | tan kewran ing lampahan | gal-lêmbut winêngku | ring prana kasatmata-a | kaecanên myarsa swara kang mamanis | Ki Sêndhi Kulawirya ||

346. Dene suka myarsakkên rêrasih | punapi yayi botên angumpak | dene asuka guyune | nadyan sayêktinipun | mung kinarya ondhe upami | sadaya kang miyarsa | pan sarêng gumuyu | Ki Kulawirya alatah | e jawane kasisipan suka mami | saking nrus sukèng driya ||

347. Botên ngumpak sayêktose naming | saking kalajêng manah pasaja | panuntune tyas lajêre | pra kadang anèm sêpuh | Ki Suwarja lan Palakarti | Jêmpina lan Panamar | samya nambung wuwus | e anak Ki Cariksutra | yèn arinta pun Sêndhi lahan sayêkti | myang kadang sadayanya ||

--- 12 : 204 ---

348. Langkung sami trusthanirèng galih | wawatake ingkang lalajowan | ênggèh kewala balèkèn | anggèr trusên ing wuwus | andêlêna sirèku Sêndhi | watakmu tan wang-wangan | kabudaning dangu | lêng-lênging sagara wiyar | sing pangrasa pangan wus sêpatanèrèki§ Prayoginipun sêpatanirèki. | murad karana Allah ||

349. Singgih yayi Ke Cariksutrèki | arinta Ke Sêndhi Kulawirya | katêlah kala alite | sangêt marusulipun | karêmane ningali ringgit | lawan Ki Jayèngraga | pupundhuhanipun | tan pisah lan pulunannya | marmanipun yèn wontên carita ringgit | tan brèbèl amiyarsa ||

350. Inggih botên cotho ing agami | malah ragi amêmpan piyambak | mring kitab murat lokate§ Prayoginipun / logate /. | nging sêngsêm maring Suluk | dèn-gêgaol ing siyang ratri | yèn nuju dhadhayohan | angraoskên Suluk | kalamun arêbat rasa | pundi wontên jagongan kongsi rong bêngi | nglalah tinggal sêmbahyang ||

351. Samya gumuyu kang samya sinung-ling |Lebih satu suku kata: Samya gmuyu kang samya sinung-ling. mulat mring Ki Sêndhi Kulawirya | pra-tamu karênan kabèh | ngalêmbana ing kalbu | rahab amicara patitis | samya ngling jroning nala | layak Ki Waruju | andêle kakang Rundaya | wong sêmbada ekal-ekal duwe budi | micara lêlêmbutan ||

352. Kae Cariksutra angling aris | singgih kakang Ke Bayi Panurta | rinta Ke Kulawiryane | [...] | kadi pantês ngêntasi kardi | watak cêkak-aosan | gathèk gathuk rampung | akase dadya pikulan | lêmêsipun (ng)gih pantês dadya tatali | gal lêmbat kacakupan ||

353. Ki Kulawirya anjola angling | lah apa ta nuli kawalêsan | dene mangkene rasane | kaya wong kajalungup | mak-sar liyan ati atitir | mèsêm sarwi lon mojar | sang Cariksutrèku | sadaya-daya êboda§ Prayoginipun / êbota /. | rèhne ta kanggonan tutunggangan dhingklik | luhung nuntên wangsula ||

--- 12 : 205 ---

354. Samya gumuyu kang amiyarsi | Ki Wuragil Kulawirya latah | kapagut tyas kaprananne | dènnya muwus wor guyu | kakang kae dhasar mêdèni | tan kaop ngarah-arah | manawa kaladuk | Ki Bayi suka miyarsa | dènnya samya rahaban condhonging kapti | apundhuh kêbyantonan ||

355. Kae Bayi Panurta ngling aris | bok suwawi won kèndêl ingalap | punika nyanyamikane | kang liningan lon matur | singgih mapan sampun dumugi | salong sami angalap | nyanyamikanipun | Ki Wuragil Kulawirya | mèsêm matur ring raka Kiyai Bayi | rinta Ki Cariksutra ||

356. Kaèngêtan kula duk ing nguni | kala lêlana mring Galèkwulan | ing Lêmbuasta prajane | kang sring kawula matur | rinta Kidang Wiracapèki | lawan Ki Cariksutra | tan na kaotipun | lan Ke Kidang Wiracapa | tungtumane ukara dènnya muradi | dhangan cêtha arata ||

357. Datan wontên kojah kang kalêmpit | tuwin kaol kang magol pinapal | aramping karampungane | wasis wuwusira lus | tutug§ Prayoginipun / tuntung /. guyu ambêbanyoli | aparap paringgitan | sasènggolanipun | alêbda panabdanira | mantri dhasar ngulama apramakawi | sarwa sarwi sêmbada ||

358. Kadumugèn tan ana nimbangi | lir Ki Rangga Kidang Wiracapa | tanah ing Galèkwulane | Ke Cariksutra muwus | Wiracapa sintên dhi Sêndhi | Ki Bayi gumuyojar | punapi tan emut | Kidang Wiracapa (n)dika | duk samya lit sami ngaji maring Bangil | tunggil saekapraya ||

359. Dene andika kang mamarabi | Gus Daka Ke Kidang Wiracapa | wit dening akas dhangane | dadya katêlahipun | karan Kidang Wiracapèki | ing mangke dados dêmang | ngiras amumuruk | anèng krajan Lêmbuasta | tanah ing Galèkwulan jênêng Ngabèi | kang tinutur arinta ||

--- 12 : 206 ---

360. Punapinggih kasupèn ta sami | Kae Cariksutra Adimuncar | Arsèngbudi Rundarsane | miwah Carikmudhèku | samya (n)jola gumuyu angling | e inggih kaèngêtan | kawula ing dangu | Gus Daka kang pinaraban | Kidang Wiracapa sakathahing santri | alulut binanyolan ||

361. Yèn muradi caritaning tapsir | lambung tangane polatanira | tinêpa winayangake | cucut bisa mèt kalbu | sring sinêndhu mring gurunèki | dènnya carita wayang | Ki Guru tan rêmbug | nging santri kèh samya rêna | kasinggihan panggunggungipun Ki Adhi | mring Kidang Wiracapa ||

362. Sabarang ngèlmu datan tinampik | dhasar nglangkungi rumiyin mila | iba indhakipun mangke | Ki Kulawirya (ng)guyu | inggih ta lah kakang Kiyai | lamun kula tumingal | ing mimitranipun | rakanta (n)Jêng Kyai kakang | pan sadaya tan wontên ingkang sor budi | numbras sami utama ||

363. Mèsêm angling Ki Cariksutrèki | e Ki Adhi (ng)gih-(ng)gihipun uga | kula pajar sadayane | puniki ingkang lungguh | Kyai Muncar Ki Arsèngbudi | lan manira punika | Ki Carikmudhèku | kalima Ke Arundarsa | Sinduraga Wargasastra Tekawardi | Ki Datuk Danumaya ||

364. Kidang Wiracapa sadasèki | sawêlasipun raka andika | Kae Bayi Panurtane | pan samantên puniku | rimbag budi asatu kapti | tan wontên salayèngsulayèng. tyas | kupu sabiyantu | tan na kadung kakadangan | lami-lami samya mêncar (ng)gyannirèki | bagi wus karsaning Hyang ||

365. Nambung wuwus Ki Kulawiyèki | lêrês paduka pajar punika | pra mitranta sadayane | kawula wus anjujug | duk dinuta ing (n)Jêng Kiyai | angupaya putranta | Sèh Mongraga nêngguh | kang mentar tilar sasana | kalampahan kawula lan Jayèngrêsmi | katri Ki Jayèngraga ||

366. Lawan santri satunggil Nuripin | mendra paran ring wana Wulusan | pawukiran guwa-rèjèng | jurang ingkang asamun |

--- 12 : 207 ---

têkèng tanah kitha Kêdhiri | ngilèn Selamanglèngan | wontên jalma luhung | nèng (ng)graning wukir Klêlêngan | adhedhepok paparab Sèh Ragayuni | ahli sabda sasmita ||

367. Tan-pati tyas kula andungkapi | amung lèjême sampun amêca | tan mêdhar kajatèhane | laju lampah andarung | têkèng tanah ing Pranaragi | kapanggya lan pandhita | anèng ngardi Tajug | wasta Kae Sinduraga | inggih mitra-paduka wau dèra ngling | kandêl agaminira ||

368. Parêk pura pêngkêr kitha lami | nulya kapanggih malih pandhita | nèng ngarga Padhangehane | Wargasastra rannipun | ahli sastra Jawa Rab wasis | tunggil mitra-paduka | ran Sèh Sidalaku | dènnira angalih aran | laju ngalih maring arga Bayangkaki | kapanggih lan pandhita ||

369. Nèng Marantèn lambung Bayangkaki | wasta Kae Datuk Danumaya | sarwi èdi panabdane | anulya malih laju | maring Lêmbuasta ing Galik | pangguh lan Kae Kidang | Wiracapa nêngguh | apan ragi karèrèyan | anèng Lêmbuasta langkung kurmatnèki | wus kadya darbe karya ||

370. Ambaladhah wisma lan pandhapi | atatarub sarta tutuwuhan | anguyu-uyu gangsane | salendro pelogipun | andhatêngkên suruhanèki | langên suka pirêna | nutug karsanipun | antawis sadasa dina | siyang dalu tan pêgat mumulang ngèlmi | mring kula lan putranta ||

371. Pan angangge sajaking priyayi | anging tan kêndhat ibadahira | rarasan sajroning rame | asangêt dènnira lul | kang katingal ingkang kapyarsi | pinèt rasaning murad | kasampurnanipun | jinarwan sadayanira | sakathahing pandamêl dipun-kawruhi | Ke Kidang Wiracapa ||

372. Ki Wuragil sinasmitan liring | maring kang putra Ki Jayèngraga | manawa ngandhar wadine | kang paman wruh ing sêmu | pan cinêndhak tuturirèki | tan kawistarèng sabda | dènnya nambung wuwus | nuntên kawula sadaya | pamit laju umangkat lampahira glis | panggih malih pandhita ||

--- 12 : 208 ---

373. Pan awasta Ki Sèh Tekawardi | mung saratri kathah wulangira | enjing umangkat lampahe | laju sami umantuk | Kae Cariksutra ngling aris | sukur yayi kapêndhak | dene sakalangkung | ing lampah mundhak utama | Kae Bayi Panurta ngandika aris | nêdhêng sami rèrèyan ||

374. Mangke kewala bakda Ngasêri | sami wangsula malih papanggya | nèng riki laju Magribe | lamun saèstunipun | amimidik anèng panêpin | ring pungkur Pasimparan | ngayun hyun yan rawuh | sang Sèh Adi Amongraga | sarat andodonga pinarêngna ugi | praptane kang sinêdya ||

375. Kang liningan samya sukèng galih | para kadangira bibisikan | pan wus dadya ing rêmbuge | Ki Suwarja umatur | mring kang raka Kiyai Bayi | lamun pinarêng karsa | rinta sadayèku | nuwun andhèrèk nanimpar | sakalangkung rinta sadaya yun panggih | lawan putra-paduka ||

376. Kae Bayi angandika aris | kadipundi jêbèng Mangunarsa | pamanta pan sadayane | samya hajat papangguh | sakalangkung wulangunnèki | Kae Sèh Mangunarsa | aturira arum | inggih prayogi kewala | apupuji ing ratri marang Hyang Widdhi | mugi pinarêngêna ||

377. Wus mangkana samya atur pamit | kang para tamu asasalaman | wusnya sasalaman lèngsèr | luwaran sadayèku | maring pamondhokanirèki | ingkang para waela | maring ing wisma gung | Ke Bayi maksih alênggah | nèng pandhapa kalawan Ki Santri Luci | Sumbaling Nyai-nDaya ||

378. Samya angundur sasajwan ngarsi | rèrèbètanira kinêludan | Ki Baywa-ngling mring santrine | Luci undangên gupuh | Ki Wuragil Kulawiryèki | Ki Luci sigra mentar | animbali gupuh | tan adangu nulya prapta | nêmbah lungguh Ki Bayi ngandika aris | marma sira sun-undang ||

379. Rêsikana ing panêpèn wuri | jroning tajug langsènana seta | prayoganên ing patute | ingkang samya alungguh | sakabèhe dèn-sarwa suci | mangsa bodhowa sira | kang rayi umatur |

--- 12 : 209 ---

sandika nuduh mring rowang | lan wus payo Luci kalawan Nuripin | undangên lurah-lurah ||

380. Santri têka rolas bae aglis | santri Luci tinuding gya mentar | Ki Kulawirya nulya ge | maring panêpèn pungkur | lan pra kaponakanirèki | myang lurah santrinira | anambut karyèku | ing panêpèn tinaruban | pinalisir linungsir sarwa seta di | sri patilamanira ||

381. Akarya kêmbang mayang sarakit | tuwuhan pisang gêmandarasa | cêngkir têbu-rêjunane | soring wrêksa trênggulun | pinagêran bêtepeblêktepe. asri | sajrone ginêlaran | lampit kêlasa lus | sajawine tinaruban | rinêsikan sinapon sêla-sêlaning | ingkang pasêsêkaran ||

382. Kae Bayi lan Nikèn Malarsih | anjênêngi lan kang nambut-karya | Malarsih alon wuwuse | ingkang nambut-karyèku | apa nganggo ngingon-ingoni | Kulawirya turira | inggih-inggihipun | sayah ingkang nambut-karya | Ni Malarsih anuduh maring Sumbaling | kinèn mundhut ingonan ||

383. Wadon Sumbaling lan Santri Luci | mundhut bubucu lan pupuluran | wedang rokok lan kinange | tan adangu prapta wus | pan tinata sadayanèki | wontên malih ambêngan | saking (n)jawi (n)dulur | nêm ambêng sêga panganan | kang ajakat ngalujêngakên kang prapti | Malarsih mèsêm mojar ||

384. Wêruha yèn ana ambêng prapti | tan sun-wêtokakên pupuluran | Ke Bayi lon andikane | bêcike kang awuwuh | rijêkine kang nambut-kardi | warêg olèhe mangan | kèh barêkatipun | hèh Luci tatanên pisan | ambênganmu sapa kang duwe kêndhuri | matur king pangindhungan ||

385. Wus kinumpulakên ambêngnèki | gya Pangulu Basarodin prapta | Ki Bayi ngling lo lah kene | kabênêran sirèku | têka anêmoni kêndhuri | Ki Sêndhi gumuyojar | ih wakne Pangulu | kang dadi têluh ambêngan | nora kêna layah tampah dèn-sasabi | bêdhêngul nuli prapta ||

--- 12 : 210 ---

386. Ambakna wong awas maring takir | kumliwêr saênggonne kawruhan | wus matêng têmên etunge | ayake kang Pangulu | mêngkonone iku wus ngaji | pagandampagandan. mring Madura | katêmu ingambu | nadyan ambêng dèn-pêndhêma | pan konangan mring Pangulu Basarodin | sêga panganannira ||

387. Ki Pangulu mèsêm anauri | panyana-kula Ke Kulawirya | ana ing kono ênggone | wus dèn-incih ing kalbu | saparanku dipun-anani | mung pêrlu anggagarap | maring ngong tan uwus | apa wus dèn-jênthot mana | kêbangêtên ambakna wong amrangguli | tan na kêmlèthonira ||

388. Ki Bayi ngling mring Ki Basarodin | lah wus donganana salamêtan | nulya dinonganan age | kajat salamêtipun | sadayanya brayat sadèsi | sawusira dinongan | (n)dan lêkas akêmbul | aroyom nadhah ambêngan | tutug samya warêg sadayaning santri | ambêngipun barêkat ||

389. Pan wus dadya dènnya nambut-kardi | ing panêpènira pinrayoga | rampung sakaliring gawe | Ke Bayi lon amuwus | yèn wus padha bubara mulih | matur Ki Kulawirya | apan inggih sampun | pra santri kang nambut-karya | samya abubaran mêtu padha mulih | mampir ring masjid salat ||

390. Sawusira Lohor tan winarni | mangkana ing wanci bakda Ngasar | Kae bayi Panurtane | anèng pandhapanipun | lawan santrinira Ki Luci | tata gêlarannira | lampit kalasa lus | miwah kang para waela | RancangRancangkapti. kapti Wilapa lawan Palangi | Turida Rarasatya ||

391. Nikèn Malarsih umatur aris | punika rinta Nikèn Wilapa | kalawan (m)bok Palangine | lamun kaparênging hyun | pan tumutur nimpar ing ratri | kalangkung pahyunnira | dènnya ayun pangguh | lan putranta Sèh Mongraga | saking dèrèng uninganipun ing warni | langkung kumêdahira ||

392. Kae Bayi angandika aris | iya mêngko manira popoyan | maring Sèh Mangunarsane | lamun parênging kalbu | sutanira lamun nglilani | payo padha pinaran | maring masjid Mangu | kang

--- 12 : 211 ---

garwa sumanggèng karsa | Kae Bayi nulya tindak maring masjid | Mangu ing Pananggungan ||

393. Nulya tindak wau Kae Bayi | maring masjid Mangu Pananggungan | pra waela ing wurine | Luci Nuripin sukur | sarwi (m)bêkta sêlpanirèki§ Prayoginipun / slêpanirèki /. | tan dangu nulya prapta | ing masigid Mangu | kokobok toyèng balumbang | Ki Sèh Mangunarsa mulat mring Kiyai | Bayi Panurta prapta ||

394. Angingsêri (ng)gyannira alinggih | lênggah atata sasalaman |Kurang satu suku kata: lênggah atata asasalaman. pra waela nèng keringe | Ke Bayi lon amuwus | Monthèl Luci lawan Nuripin | lampit kalasanira | ing pandhapa mau | gêlarên kene kewala | lamun ana kang prapta dimèn mariki | ingkang luwih prayoga ||

395. Ingkang samya liningan nulya glis | mundhut gagêlaran nulya prapta | rinakit lampit klasane | Ke Bayi lon amuwus | Kae Jêbèng Mangunarsèki | bibinta samadaya | samya yun papangguh | mring rakanta Sèh Mongraga | alon matur singgih kawula utami | pra bibi yun papanggya ||

396. Lêga tyasira sami pupuji | tan adangu wau ingkang prapta | Kae Sèh Malangkarsane | lan Jayèngrêsmi nêngguh | Anggungrimang lan Jayèngragi | Piturun Palakarta | atur salamipun | ngabêkti putra kalihnya | nulya Kae Adimuncar Arsèngbudi | Suwarja Wiradhustha ||

397. Prapta atur salam tata linggih | kang rayi nêmbah nulya kang prapta | Rundarsa lan Panukmane | miwah Carikmudhèku | lan Panamar Sèh Modang tuwin | Ki Pariminta miwah | Kiyai Pangulu | Basarodin atur salam | ring Ki Bayi para ari angabêkti | samya tata alênggah ||

398. Ni Malarsih anuduh Sumbaling | kinèn naoskên dhadharanira | wedang lan nyanyamikane | ingkang lininngan gupuh | naosakên sugatanèki | cumaos anèng ngarsa | prapta amakêndhung | rampadan anjrah nèng ngarsa | cinarakkên angalap sasênêngnèki | anadhah dhadhaharan ||

--- 12 : 212 ---

399. Kae Bayi Panurta ngling aris | kadipundi yayi Adimuncar | ing panêmbah katrimane | miwah puji kang katur | maring Allah Kang Maha Sukci | surasaning panêmbah | kadospundinipun | kang utama linampahan | manirèki ywa kongsi tumêkèng sirik | purna-a ing panêmbah ||

400. Kae Adimuncar turira ris | inggih utami sabdanta kakang | sarèhning sami anganggo | sunat kalawan parlu | majibakên naoskên bêkti | yèn ing kula priyangga | kang kapyanggèng§ Prayoginipun / kapanggyèng /. kalbu | wikanta lamun mêmpana | lan kêmule wontên wasesaning takdir | karsèng sira Pangeran ||

401. Pangintèning kang rèh maring tokit | kawajiban ngèlmi rasa tunggal | tan kengang mamak gaibe | anèng wasesanipun | Maha Suci Hyang Maha Jati | rupa wasesa kayan | molahkên rohipun | marah rupa samadiyah | amêpêki uripipun ing sabumi | urip kahar sampurna ||

402. Akmalul ngèlmi pan saking tokit | tokit dadya tètèbènging ngadam | singgih makripat tokite | Nabiyolah (ng)gyannipun | larèrahe nèng donya singgih | yêkti kang kinawruhan | kang dumadi nênggahGuru lagu seharusnya: 6u, kang dumadi nêngguh. | saha Dad tigang prakara | mutanikirah mutawasitah tuwin | sadad muta-awilah ||

403. Muta-awilah punika gaib | anêksèni marang dhawakira | nêksèni sinaksèn dhewe | tan na Pangeranipun | anging Allah Pangeran jati | karêm mutawasitah | Allah ngawruhi ku | angawruhi pribadinya | tan kakalih mungguhing Allah naksèki | kalawan pribadinya ||

404. Angawruhi Muhkamad puniki | kinon Sukma kang mutanakirah | kang sahadad mukmin rêke | mutawasitahipun | sadadipun kang para wali | sadad muta-awilah | Nabi ingkang (ng)gadhuh | duk dèrèng jagad gumêlar | awang-uwung ngandika Hyang Maha Sukci | nabda mring alam arwah ||

--- 12 : 213 ---

405. Dudu ingsun Pangeranirèki | sakèhing duryat martabat insan | atut amba panêmbahe | nêmbah ring Hyang Maha Gung | kadi rontal tan mawi tulis | paran baya budinya | yèn muniya suwung | sêrik sirik yèn muniya | wêkasannya aroro Pangeran jati | sasar yèn dèn-rorokna ||

406. Ungêlipun apan tan kakalih | kalle langgêng kewala satunggal | kadya wawadhah pamine | gung pênuh isinipun | kawadhahan mutakirahi | dadya mukmin kalbunya | pan jujulukipun | ingaran hidayatolah | kang punika dadya papan mawa tulis | tulis punika kodrat ||

407. Dadosipun sing sêmbah lan puji | kalbuning mukmin pan kanugrahan | sêmbah puji ing amore | dadya Mukhamad tuhu | ing wujude tan kêna gingsir | singgih Nabi Mukhamad | pan omahing ngèlmu | ngèlmu omahing Pangeran | pan Pangeran omahing jalma sayêkti | kula§ Prayoginipun / kwula /. jatining Sukma ||

408. Kêmbul jiwa tan na wujud kalih | wêkasing tingal dadya tan ana | non-tinon dhirinya rêke | tan na kadudonipun | Maha Sukci jênênging latip | apan tanpa sasama | saking kang Maha Gung | tasbihira Hyang Wisesa | datan kadya tasbihing sawiji-wiji | ing wujuding ngapiyah ||

409. Dad mutêlak Maha Sukci nênggih | ngèsthi jiwa rihing dhawakira | lêstari ing lalakone | anglaut tanpa banyu | pan adharat datanpa bumi | muluk tanpa gagana | muksa tanpa samun | langgêng nami isbatira | datan owah kidam bakane wus pasthi | sampurna jiwaraga ||

410. Wa-punika sumangga ing kapti | mangsa-borong rêke ing ngakathah | manira têka andhèrèk | Ke Bayi manthuk-manthuk | pan karênan dènnya miyarsi | anandhês rasa sabda | surasaning wuwus | murade Ke Adimuncar | langkung dènnya kamasuk raosing galih | atêrang tan sumêla ||

411. Myang pra kadangira ngling ing kapti | èstu lamun tuhu pinandhita | amêdhar rasa wuwuse | Ke Bayi ngandika rum |

--- 12 : 214 ---

marang sira Ke Arsèngbudi | yayi kadi punapa | rarakitanpun |Kurang satu suku kata: rarakitanipun. kang lir nglinge Kya-Dimuncar | mugi samya andhanganakên ing kapti | ngalap kasil utama ||

412. Ki Arsèngbudi turira aris | singgih sampun tan wontên kumlamar | lir kang wus winuwusake | Ke Adimuncar wau | purnanipun sêmbah lan puji | pan wuwus karungsitan | apan panukmèng Hu | sinukma sajroning Sukma | amrih nulya dulu-dinulu pribadi | lir andulu paesan ||

413. Sêdya andulu ing rupanèki | apan andulu ing wawayangan | amalêsi pandulune | tan lyan ingkang pandulu | pan andulu lawan pribadi | ngaranni ingarannya | lawan dhawakipun | tan liyaning ngarannira | anêksèni sinêksèn priyangganèki | ambuka lêlarangan ||

414. Kang ginêdhong kinêkêr piningit | manunggale rasa sajatinya | kajatèn saksi karsane | karsa ingkang saèstu | tunggaling Dad wisesa jati | singgih tunggaling nama | ajal jatinipun | têgêse ajal wiwitan | datan wontên ingkang amiwiti dhingin | pan ananing kapurba ||

415. Saniskara dèrèng wontên mosik | Sang§ Prayoginipun / Kang /. Maha Karsa wus sêdya murba | mojud pêsthi ing anane | lawan pribadinipun | singgih ananipun pribadi | karya têtelaning Dad | jujuluk wahdatu | nyata anèng wakidiyat | karsa sêdya nama tunggal jatinèki | latip sadat mutêlak ||

416. Anêksèni sinêksèn pribadi | têgêsipun pan purwaning ajal | datan ana kawitane | Pangeran kang Maha Gung | tan na lawas tan na kang dhingin | tan na wujud kang purba | ing purwakanipun | apan purbanira dhawak | purba rupa purba wujud purba dhiri | kalawan purba ngajal ||

417. Purba purwa purba wêsanèki§ Prayoginipun / wisanèki /, saking: wisesa [sebaiknya: wasanèki, sebab konteksnya: purba purwa]. | purba wahdat kang tan kenging rusak | kang tunggal kajatèhane | saha Dad jatinipun | ing anane jatining saksi | naksèni namanira | ing pribadinipun |

--- 12 : 215 ---

Dat rasa tunggal priyangga | nir syuh sirna lêbur kang jagad dumadi | ana tanpa wêkasan ||

418. Purbaning Dat purbaning Sipati | purbaning Asma purbaning Apngal | Dat ana tan ana rêke | Sipat rupa kang bêstu | tanpa rupa Asma namèki | tan anduwèni aran | Apngal panggaweku | kang tanpa panggawenira | apan purba-wasesa kankang. catur siki | alanggêng ananira ||

419. Nyata ingèskiingèksi. hirabbi Datti | wus tan wênang wênyah kanyatahan | ayun wruha ing anane | anèng ing dhawakipun | tanpa karya kita puniku | datanpa wujud kita | ananing Dat tuhu | Sipat tanpa rupa kita | Asma tanpa aran kita Apngal singgih | tanpa panggawe kita ||

420. Suhul tunggal jatinipun pasthi | batin sanyata ing lahirira | masuk ing lair batine | batin Dat Kang Maha Gung | tan sawênyah ingkang ngawruhi | tan lyan sang Maha-karsa | -nira dhawakipun | kakalih karsanirèng Dat | kaelokan ing batin karsanirèki | Dat ngèsthi Nur Mukamat ||

421. Jinatèning Hyang Kang Maha Sukci | kajatèyanira kinon nêmbah | rahsa jati suhul Date | pan jatining pangutus | nyata tunggal sêmbah lan puji | sira duk jatining Dat | sanalikanpun |Kurang satu suku kata: sanalikanipun. tan gênti kula Pangeran | pamujining Sukmaning Dat kang Ma-Suci | puji jatining wus man ||

422. Pan makatên ing sêmbah lan puji | lir pêksi pêrkutut amêrdangga | dêrkuku munya asèngsèng | asênggani munya gung | tan prabeda nêngira singgih | sosiknya§ Prayoginipun / osiknya /. datan liyan | pujinya anguyu | apan pujining kawula | kang pinangka lantaraning jomblah ngèsthi | ing wawalêsaning Hyang ||

423. Pan punika kawula sarèhning | kapiyambak yèn dèrèng muayan | ing ngakathah mutamate§ Prayoginipun / muktamate /. | ing raos kususipun | ngriku yayi Cariksutrèki | sami (ng)gih minuradan | suraosing wuwus | Ke Bayi nambungi sabda | inggih yayi Cariksutra ingkang mugi |

--- 12 : 216 ---

sami musawaratan ||

424. Kae Cariksutra turirèki | bab sêmbah puji kita punika | pintên banggi katrimane | ing kasampurnanipun | ing atitah ngakên punapi | dene ta bara-bara | katrimèng Hyang Agung | angaku dede pantêsnya | sêtun namung tèlat dhadhalang ngaringgit | inggih ingkang ingucap ||

425. Kilap dora lan yaktose sami | miwah lêrês lêpate punika | tuwin kirang lan langkunge | yêktos lan botênipun | pan wus anèng caritanèki | amung ngalap sambada | -nipun ingkang mungguh | carita sakèh nagara | tanah sabrang ing prang sor ungguling jurit | kang dadya lalampahan ||

426. Cinaritakakên Dhalang ngênting | tur ta Ki Dhalang durung lêledhang | mring kang cinaritakake | mung lêrêsing panggayuh | cêlak têbih kenging binudi | lèn sèsining bantala | winêngku kawêngku | ginraita lan prayoga | rarambatan wiwinih carita nguni | pinèt sambunging kata ||

427. Pinatut lawan sasêndhon gêndhing | pangayuting tyas marang kadewan | kinahanan ing wujude | myang pakayanganipun | pra jawata ing Suranadi | kacupaning Ki Dhalang | anggunggung sawêgung | kang ganal rêmpit winêdhar | purbaning tyas lan kang purbaning sakalir | salir sêmbahing Dhalang ||

428. Ajujuluk ing Dhalang-sajati | siniliyan wênang sih-siniyan | pon wus tan kêna pindhahe | lan Sukma Kang Maha Gung | karane bisa angringgit |Kurang satu suku kata: karanane bisa angringgit. ingaranira dhawak | Datira Hyang Agung | agung kang misesèng jagad | wayang kang wus wujud anyata kaèksi | lalakon takdirolah ||

429. Sang Dhalang Agung Sukma sajati | murwa carita madya wusana | andora tan na gorohe | sisilihing Sukma gung | karya lèjêm lakuning urip | kabèh dadya sasmita | titis tan ana wuk | pratingkah lampahing sêmbah | ing atuwa guru ratu ing Hyang Widdhi | lantaring kaluhuran ||

430. Tuwin kang tan wruh pmnganjali |pamanganjali. marang ing dunung catur panêmbah | nistha papa ing uripe | druhaka sor ing tuwuh | pan

--- 12 : 217 ---

gagêdhêg apês ing budi | kabuncang tan kawilang | ing Sang Maha Catur | prakara dununging sêmbah | marma parlu ngagêsang tata ngabêkti | maring wau punika ||

431. Ingkang anduwèni pangabêkti | datan liyan ing catur prakara | karya sidaning kadadèn | karya wurunging tuwuh | rêke bisa karya ngabêcik | jalaring kawurungan | saliring ngaluhur | wajib utama bêktiya | ing patuwanira guru ingkang muslim | ing narendra kang nyata ||

432. Kaping catur mring ratu kang luwih | jêr punika badaling Pangeran | sor rucah kauripane | tan kanjating ngaluhur | nisthip bae akêthip-kêthip | sojare Kae Dhalang | dènnya mèt sasêmu | sing sapa tumumyèngtumusèng. sêmbah | ginantungan ing kabêcikanirèki | thikil wiji utama ||

433. Mijil saking sêmbah lawan puji | tatkalanipun ing elingira | anêbut eling namane | tatkalan§ Prayoginipun / tatkala /. paminipun | nêbut ing piyambakirèki | iman tokit makripat | paranning panêbut | sinungkên nugrahaning Hyang | pan nugraha puniku sajatinèki | ingkang aduwe aran ||

434. Angaranni aranne pribadi | ingkang aran sajatining jalma | akathah tètèbèngane | rinasa ing ngalangut | paran sakecaning angalinggih |Lebih satu suku kata: paran sakecaning alinggih. paran ecaning pangan | ecaning aturu | paran ecaning lumampah | paran ecanipun ngagêsang puniki | paran ecaning pêjah ||

435. Paran wuwus winuwus ing lathi | paran wuwus winastarèng tingal | paran wus pinirsakake | paran uwus dinulu | paran uwus dipun-ulati | pinanggih tinambuhan | pundi kang binastu | wus pinacak ing lampahan | pundi Dhalang kang sajati amumpuni | sajatining nugraha ||

436. Nugraha aranne kang sinung sih | anugraha aranne kang ngaral | pan ana dudu rupane | ranne dudu rupèku | karyane dudu

--- 12 : 218 ---

rannerèki§ Prayoginipun / rannirèki /. | ana ran dudu rupa | ran dudu karyèku | iya aran iya rupa | iya karya datanpa kaanannèki | yèn nora na arannya ||

437. Kang tanpa rupa tanpa karyèki | tanpa aran tanpa karyanira | dinalih awang-uwunge | ana dinalih suwung | dalih suwung ananirèki | dadya sêmbahnya sasar | sinoring pangridhu | sêmbah kêdah kang waskitha | pan dede maha sukci kita puniki | pan pangayunaning Hyang ||

438. Rêke dene urip kita singgih | têgêsipun pakaryaning Sukma | dede mulya kita rêke | anane Sukma luhung | naim kaim punika singgih | wus karsaning wisesa | katêtêpanipun | têtêping kita ya sira | iya iku ing sanyatanira iki | dadi sira siniyan ||

439. Wus siniyan kita aran mami | ihtiyarira tuladhaning Hyang | kang luwih anèng jagade | Sukma ro tanpa tutur | padha Sukma atunggal dhiri | lirpendah madukara | mamanisanipun | amuji pinuji dhawak | apan sêmbah sinêmbah pribadinèki | tan pae pinaeya ||

440. Kang punika ing pamanggih-mami | sawêg samantên kapadungkapan | sumangga lalawêdane | nak Sèh Malangkarsèku | tuwin jêbèng Mangunarsèki | kula kumambang karsa | kewala nêbaruk | Ki Bayi Panurta nabda | singgih nakmas Kae Sèh Mangunarsèki | kadipundi rujuknya ||

441. Ki Sèh Malangkarsa turira ris | pan wus tan ana kang kêkirangan | paripurna sadayane | sami kewala rujuk | sêtun pae pangambilnèki | (n)dungkape tan prabeda | surasaning ngèlmu | alêrês Ke Cariksutra | ing ngagêsang ngawruhi salir dumadi | patitising panêmbah ||

442. Patitising sêmbahyang dèn pasthi | kang bênêr supaya kawêca-a | ingandêla upamane | maring kang karya tuwuh | mulyèng titah lamun ngabêkti | pan paugêrannira | ngagêsang puniku | wajib sami ngangkah-angkah | patitising niyat patitising puji | patitising ngèlmunya ||

443. Patitising ngidhêp kang khakiki | lan patitisipun ing kasidan |

--- 12 : 219 ---

patitise pati rêke | kang pitung prakarèku | yèn tan wruha patitisnèki | kainaning ngagêsang | kadya paksi pingul | atilar patuting seta | saba toya malêcit wêktu binukti | tan wruh ing batal-karam ||

444. Liring puji kang tan salah-kardi | sumungkune sukuring panrima | liring niyat kang anongge | maring dalan rahayu | aywa wèngwèng wêngkuning kapti | liring ngèlmu dèn-panggya | susurupanipun | kang tan tumpangso ing sabda | liring ngidhêp kang sanyata idhêpnèki | kang datan kumalamar ||

445. Liring kasidan angati-ati | kang datan sêlaning pandaliyan | liripun amati rêke | kang sura surasèng hyun | anglêgawakakên ing pati | mamati jroning gêsang | pajununannipun | tan ana panyananira | ing wiwilangane kang awarni-warni | mêngakkên tutuping tyas ||

446. Yèn sampun mênga tutuping ati | (ng)gih punika kantiling nugraha | punapi rinaosake | wus kanyatahan tuhu | kadya mangkya dipun-ulati | tan wruh yèn sumandhinga | kang dèn ayun-ayun | anrang ngulati Hyang Sukma | wruh ingaran tan wruhing rupanèki |§ Kirang sawanda, prayoginipun / rupanirèki /. anggung angaya apa ||

447. Kang wus buka ing dalêm sawiji | sarwa sarwi ing pribadinira | kayuwanan ing kayunne | angêningakên wujud | angênêrkên ingkang majaji | dudu iku ing-iya | iki jatinipun | kang akantha iya kita | tan sanepa ibarat ondhe upami | wus pon pandhawakira ||

448. Manawi ta kang makatên ugi | sungapipun (n)dungkaping panêmbah | wa-punika lamun dèrèng | kawula kewala nut | rèhning sami ngraoskên ngèlmi | ing ngriku pan sumangga | yayi kalihipun | Jayèngrêsmi Jayèngraga | anauri kawula dhatêng umiring | rèh tan wontên kuciwa ||

449. Ki Sèh Malangkarsa sasmita ring | Ki Sèh Mangunarsa angandika | rêke tan wontên pinae | ulam upaminipun | sakarsane dènnya ngolahi | sampurnaning panêmbah | tan kenging dinunung | apan kahananing jalma | anon-tinon marmanya tan

--- 12 : 220 ---

aningali | kalingan ing paningal ||

450. Tidhêm kayun tidhêming ngabêdktingabêkti. | datan wontên ingkang katingalan | pan amung anane dhewe | wujud kang lêngêng lêngut | tan mulat tan paja mugani | monêng ing marga sonya | nugrahaning ngèlmu | ing sajati datan bakal | sanalika pagut lan pribadinèki | pan tan lawan kinarya ||

451. Saking parêng tunggal sihing Widdhi | kalawan ing piyambak priyangga | nging mangsa tan kenging pinèt | dene pamujinipun | tatakrama lampahnya singgih | sêmbahyang dèn-lumunta | têtêping ngawêktu | pangartinya ing kapurnan | asasadu aling-aling ambodhoni | datan liliyèng lampah ||

452. Linampahan sandining utami | sukur tapakur pana bêktinya | tinungalkên ing kalihe | tan wiyah ing pandulu | pandalihe datan gumingsir | muhung Hyang Maha Mulya | singgih ananipun | ingkang datan kawikanan | yèn tan wikan maring ananing ngasêpi | lan sêpining kaanan ||

453. Mungguh lirnya aningali sêpi | pangucap kang tan kalawan lesan | Sumkma-jatiSukma-jati. pangintêne | ing panunggalanipun | ananira ing oranèki | pan tan ora tan ana | nalirahanipun | lirnya sêpining kahana | apan wujud kang sêpi datan kakalih | kang tan kalawan badan ||

454. Tunggal pangintêne Sukma-jati | kajumbuhan ran kêna ran tunggal | tan kêna ranne rorone | pasthi sawijinipun | sêpinira kahanannèki | ya sêpiya kahana | ya Hyang Kang Maha Gung | kang katon lan kasatmata | kang tan kèksi ingkang tansah kapandêling | lawan pribadinira ||

455. Sampurnane sêmbah lawan puji | tan andulu anane sarira | lêbur jati ing anane | lêburing tulisipun | kahanannya tan ana kari | pan wus anèng Pangeran | paran kang winuwus | pan tan wontên paran-paran | kula§ Prayoginipun / kwula /. Gusti nyatèng pribadinirèki | katingal kang sampurna ||

456. Sampun ngantos klèntu anampèni | wadinipun mubarang

--- 12 : 221 ---

kahanan | lan kang ati santa rêke | norannpunnoranipun. puniku | dening noranipun pribadi | ananipun priyangga | tan saèngan sêngguh | purnaning ro maha juga | wus kawêngan kalawan tutuping ati | waluya jati Sukma ||

457. Rèhning anèm sumangga ing kapti | marmanya yyan karoban ing riya | maklumipun sadayane | lêstarinirèng wuwus | manawi ta tumibèng sisip | sarèh ing wirayatan | punika rahayu | singgih nut-tinut kewala | aywa ngantya kang riyonan saliring ngling | dipun mutabangatan ||

458. Tan sinatmatan ing sabda liring | samyang§ Prayoginipun / samya /. nor jiwa sadayanira | Kae Bayi Panurtane | langkung tyasira sukur | alon dènnya wijiling kang ngling | kalangkung karahmatan | saraosing kalbu | pun bapa langkung pirêna | aprasasat antuk idayating Widdhi | linging para ngulama ||

459. Para kadangira Kae Bayi | Ki Wuragil lawan Wiradhustha | Panukma lan Panamare | manut kahananipun | marang para tamunirèki | kang sami ararasan | sarasaning ngèlmu | Ki Wuragil Kulawirya | mèsêm nabda sarya nor sasmita liring |Pada naskah asli, baris-9 tercetak dobel: mèsêm nabda sarya nor sasmita. mring Kae Cariksutra ||

460. Singgih ta lah Ki Cariksutrèki | langkung sae saraosing sabda | wau kang kawuwusake | murad surasèng ngèlmu | asenggolan janturan ringgit | dadya ondhe upama | lèjême tumuwuh | yèn kados makatên kakang | singgih kula sadaya punika sami | kalêbèng wawayangan ||

461. Kang lir wayang rêngon lawan sigid | dudugangan dhagêlan lan buta | wangunnya salalakone | ketang pinèt ing ngriku | baya kakang Cariksutrèki | sun-duga yèn mungguha | wawayanganipun | pantês lir Krêsna micara | kaeKae. Cariksutra anjola ngling aris | dene botên kadosa ||

462. Jêngandika Ki adhi Wuragil | ngentha-entha ring kula Sri Krêsna | ya têka dede sepane | ing agêsang punika | yêkti kadya ringgit nèng kêlir | tumindak lan pangucap | saking dhalangipun |

--- 12 : 222 ---

amolah lamun pinolah | ugi sagêd kumèdhêp myarsa ningali | iya kalawan dhalang ||

463. Ngong puniki sêtun-sêtun kadi | parampogan abyaganning kathah | sarêmpah lumampah kabèh | tan kawilang sadarum | tan kacrita jênêngirèki | payo-payo ing kathah | abyung maju mundur | Ki Kulawirya alatah | samya suka sadaya kang aningali | sabda tan tilar rasa ||

464. Dangu dènnya ararasan ngèlmi | wus antara wanci Hyang Karaba | titih ing ancala sore | Ke Bayi lon amuwus | lah sumangasumangga. sami abêkti | dhangan ingkang liningan | samyarsa mrih wêktu | nyamikannya cinarikan | sinungkên mring santri pamburi waradin | tuwuk tan ana kurang ||

465. Kae Bayi Panurta ngling aris | Luci Nuripin lan Monthèl sira | wong tri maringa panêpèn | ngruktiya ratus rabuk | pakutugan cawisna dadi | kang ramut samadaya | ywa kongsi kaliru | sira nang kana kewala | ing panêpèn sakathahing hari mami | maranga palanggatan ||

466. Wus kinumpul para kadang-sami | miwah wau kang para waela | kundur maring pawismane | mriksa sasajinipun | ingkang dèrèng pantês rinukti | ing mangkya dènnya salat | kewala ing tajug | sira Ki Bayi Panurta | anèng masjid Mangu lan pra tamunèki | samya maring mahèran ||

467. Sêdhêng wanci ing wêktu Mahêrib | wusnya ngambil toyastuti kadas | miwah santri sadayane | kang dahat swaranya rum | wusnya sunat ramya pupuji | anulya kinamatan | ngangkat waktu parlu | Sèh Mangunarsa ngancaran | angimami yun lênggana pinêksa glis | gya angimami salat ||

468. Ngangkat usalinira patitis | anêkani kasdu takrullira | yaktine niyat parênge | nuju lapal Allahu | pangikale tibaning takbir | -ratulekram lir-pendah | Sudama sumunu | sapandulon lawan Arka | nis tilême Sudama tan dadi Rawi | kagêntyan tranging Surya ||

469. Ikram munajat lawan tubadil | ikram cêngêng tubadil kagantyan | munajat sapocapane | yêktinya kang Maha Gung | angandika

--- 12 : 223 ---

tan lawan lathi | elok ananirèng Hyang | muwus tanpa wuwus | tubadil gantya tan panggya | Allah saking aksara THA kang pinusthi | wus dinaskithèngwinaskithèng. driya ||

470. Kang Alip mutakalimun wakit | Lam-tabêngil lawan Lam-jaidah | He ukat Lip lan Tamsure | Kap-kabirah Be-suhu | biyah Re rapingul drajadi | purna lawan sapisan | pan kapindho ing hyun | dumadi jênênging salat | bar-jumungah wus tadaim ismu ngalim | lawan mulyaning niyat ||

471. Sadaya samya tumutur takbir | wusnya ing kalbèng wajah iptitah | gya amaca Patekahe | pasêkhat kir'atipun | tan ninang-mat lan karsanèki | myang kandêl tipisira | kalimahanipun | sakathahe kinawruhan | nuju lapal wallala landhung awasis | lir pêksi birmadhala ||

472. Wusing Patekah sunatirèisuratirèki. | Kulya-ayu rêkangat kang awal | rêkangat akir surate | wusing Patekah wau | nulya Surat Birabinnasi§ = Surat An Naas. | antaranira salat | tumulya asujud | gya maca Kamas-waetaKamas-laeta. | nulya salam bakda laju apupuji | barung lan santri kathah ||

473. AlalegonAlêlagon. pujiyan adhikir | antara-ntuk catur tasbèh purna | andonga limang waktune | pragat sunatira wus | laju salat kang sunat Wabin | nêm rêkangat tri salam | bakda gya tujunun | kadi patatus anulya | wêktu parlu panjinging Ngisa nulya gilis |Lebih satu suku kata: wêktu parlu panjinging Ngisa nulya glis. adan gya kinamatan ||

474. Andadèkkên niyat kamulyaning | lêngênging takbir sarêning niyat | pyuhing karsa upamine | lir (m)bun tumibèng ranu | tan kengang ngisayèng pangèksi | rêke kewala juga | kajumbuhanipun | tan bakalbatal. jênênging salat | sida luluh tan-polih wujuding Widdhi | Maha Kasucinira ||§ Prayoginipun / Kasuciannya /.

475. Wusnya tumaninahira tartib | rêkangat awal wusing Patekah | Surat Jumungah ayate | rêkangat akiripun | aran Surat Munapèk§ = Surat Munafiquun. singgih | têkèng patang rêkangat | asalam bakda

--- 12 : 224 ---

wus | antaranira gya sunat | wus parapat Minal-Witri Ngatal-Witri | pra santri samya bubar ||

476. Gya Ki Bayi lon panabdanèki | samya ngaturan marang ing wisma | nulya keritkèrit. sadayane | malêbèng dalêmipun | tata têpung dènnira linggih | kadang myang pra waela | tansah anèng ngayun | sarwi naoskên pawohan | Kae bayiBayi. Panurta ngandika aris | yayi Kae Dumancar ||Dimuncar.

477. Paran mangke lan tumuntênèki | marang pungkur langgar pasimparan | Ke Adimuncar ature | sumanggèng karsanipun | aKaeKae. jêbèng Mangunarsèki |Lebih satu suku kata: Kae jêbèng Mangunarsèki. yèn ta amba priyangga | luhung nuntênipun | Sèh Mangunarsa ris nabda | lamun èstu ing karsanta (n)Jêng Kiyai | mêmidik ing pasimpar ||

478. Utami mupung awaling ratri | Kae Bayi aris dènnirojar | sukur sumanggèng karsane | lah wis Wirya dèn-gupuh | lumakuwa anèng ing ngarsi | kankang. rayi tur sandika | lan pra kadêngipunkadangipun. | mring panêpèn mawa pandam | nulya lumaksana sadayanirèki | mring tajug pamidikan ||

479. Para kadang apan datan kari | korinya wus sinorog binuka | samya malbèng panêpènne | asri pangrêngganipun | para tamu rêna ing galih | panti prantining tilam | tutuwuhan tarub | suluhing pandam lir rina | kêmbar mayanmayang. ngapit ing langse seta di | dupa mrik rum angambar ||

480. Langkung rêsêpira aningali | para tamu mulat ing parênggan | ing langgar reka-rekane | samya micarèng kalbu |Pada naskah asli, baris ini tercetak dobel: samya micarèng kalbu (lebih satu baris). sagêdira Kiyai Bayi | karya wuryaning tilam | pahyun-hyuning kalbu | pratandha sih asusuta | pakurmate kadya wus ana alinggih | ingkang pininta prapta ||

481. Kae Bayi Panurta ngling aris | sumanggèng Ke jêbèng Mangunarsa | ing pamudya prayogine | prayogi kang saèstu | rakanta sang Sèh Amongragi | kang wus ahli nujêmba | gongsul ngalamipun | mugi karsa kamastara | anêkani kahyun-hyuning kawlas-asih | sung pangèdhènganira ||

--- 12 : 225 ---

482. Ki Sèh Mangunarsa turira ris | manawi parêng lawan bêgyanta | kadhatêngan sakajate | ingkang pinudya rawuh | putranta sang maha-lul-wingit | sahagra§ = sagarwa. siswanira | rinasan sing kayun | lir pendah sêmi maruta | aplalunya kaluwiyaning sakalir | kinarsan Hyang Wisesa ||

483. Kae Bayi anauri aris | inggih sumangga borong ing karsa | kewala andhèrèk rêke | sasmita ring sadarum | samya abipraya ing kapti | wawi samya karsanta | kewala jumurung | ngrasèhkên condhonging karsa | (n)dan trap dènnya ingamilakên rawati | tan asru barung swara ||

484. Sèh Mangunarsa ingkang ngimami | pra waela makmuming apriya | pinyyarsa asri swarane | anganyut-anyut arum | kadya suling dèn-panêrusi | singir Aswanul-kusna§ Prayoginipun / Asmaul Husna /. | sajak amlas-ayun | tan sarênti alonnira | wusnya ratib laju trap sasilah§ Prayoginipun / salsilah /. dhikir | abengat kawiritan ||

485. Makam satariyah nakisbandi§ Prayoginipun / naksabandi /. | barjah jalalah pangguyêrira | anulis sastra ubêde | anor jiwaragèku | angakêni mupid muktadi | lawan panarikira | napi ibatipun§ Prayoginipun / isbatipun /. | sarta pangucap kalimah | lailaha-ilalah tanajul tarki | lawan pambukanira ||Pada naskah asli, nomor 10 tercetak dobel: lawan pambukanira (lebih satu baris).

486. Ingkang lawang-ati kang puat nênggih |Lebih satu suku kata: Ingkang lawang-ati puat nênggih. panganjate mring nakisbandiyah§ Prayoginipun / naksabandiyah /. | sipat jamal pangguyêre | srah jiwaraganipun | yèku murid kang mutawasik | lawan panarikira | napi jinisipun | tan kêna kinaya-apa | ngucap kalimah ilalah ilalahi | anging Allah naminya ||

487. Pambukaning lawang ati-siri | panjawate mring wirit barêjah | tulise rêke guyêre | rumangsa raganipun | angakêni yywan

--- 12 : 226 ---

murid kamil | lawan panarikira | isbate Hyang Agung | ananing Hyang tan karana | pan angucap kalimah Allah Allahi | lawan pambukanira ||

488. Pan lawang-ati kang puat nênggih | panganjate mring wirit jalalah | tulise nêtu guyêre | wruh ing jiwaragèku | akên murid amil-muhamil | lawan panarikira | Dad wajibulwujud | anane tanpa upama | lawan kasdu ngucap hu hu hu hu tuwin | Allahu lan Huallah ||

489. Pambuka lawang ati-maknawi | panganjatira ring ripangiyah | tulise aib guyêre | lêngêng jiwangganipun | wus ta murid-minurid singgih | lawan panarikira | tan ana kasamun | iya napi iya isbat | lan amuni a a i i ih ih ih ih | hoh hoh hi hi èh èh ha ||

490. Pan kalawan pambukaning nênggih | iya iku lawang-ati puat | kalimputan ing anane | tan wimbuh tan kawimbuh | wus tan kengang dinugèng kapti | pon jiwaraganira | kusuk junun suhul | (m)brastha pancadriyanira | kusuk junun suhul Hyang Kang Maha Sukci | tan kawêran warana ||

491. Wau kang ngabèngrat wirid dhikir | samya anyantêr pangguyêrira | (n)dungkap panaul-banane | antaranira kantu | anggulinting pendah kaywa king | winot sèwu kalimah | ing sanapasipun | lagya§ Prayoginipun / lalya /. toh jiwangganira | tanpa kasdu sanalikanira ningrat | kang pra priya waela ||

492. Enêngêna kang apana guling | yata wau kang ingucapêna | kang nèng jaman kanêngane | sang mahatul bangsa lus | wus nujêmba bongsul ngalami | sênêt ring kasamunan | -nirèng Jurang Jangkung | Kae Sèh Adimongraga | tansèng graha Ni waela Selabrangti | ya Nikèn Tambangraras ||

493. Tansah lawan siswanta sasiki | pari-mitranira sang Nubaya | pawitrèng detadera. tapake | Ragasmara rannipun | dera santya

--- 12 : 227 ---

budya-mbêg suci | priyastu animpuna | tar liyan dinulu | lan bangsa lul di nujêmba | ahli kikmah lan sartane ahlul-ngakli | tan adoh dening asya ||

494. Adunung tanpa dunungannèki | basluning karsanèng pribadinya | sadaya dadya alame | mangkana Sèh Mongluhung | angandika arum mring rabi | yayi Kèn Tambangraras | wruhanta ing kalbu | ana kawulaning Sukma | subrangtèng tyas sumêdya minta ring kami | saêstu lan angganta ||

495. Amimidik anèng (ng)gyan kang sêpi | pasimparan langgar pakadharan | ramanta lan ibu rêke | kèh rowange (m)biyantu | rinta karo lan pra ngulami | katrima pamudyanya | maring Hyang Maha Gung | utama padha tinêkan | jalma luwih kang ahyun marang sirèki | kalawan angganira ||

496. Miwah manèh ta Ki Ragarêsmi | payo yayi lumaksanèng pana | nêkani pudya kang nunge | maring Wanamartèku | Tambangraras turira aris | amba kumambèng karsa | saking kang linuhung | sung sih tyas kang sukarêna | nadyan yèn tinuding supyèng jro yomani | dasihta tan sumimpang ||

497. Saha manganjalèng gurulaki | katarimèng tyas nulya wisata | tansèng siswa sasikine | kunêng kanênganipun | sanalikanira duk prapti | nèng made pamidikan | magut kang langgat hyun | patêmyan nèng ka-alusan | kang sinidhi widagda mêdhar pangaksi | nèng sajroning kanêngan ||

498. Paiksanira ing dalêm ngarip | cipta riptamirariptanira. samadaya | pendah wantah pandalihe | marang ing sang Maha Lul | tan rasa ywa pandulyèng jêrnih | asukur sukarêna | pamulyaning kalbu | rahab pasalamanira | sadaya wus binagyan samya pupuji | miwah para waela ||

499. Bakda salamira nakisani(?) | madyanirèng pajununannira | kang para ngulama rêke | tarkinira tanajul | wangsuling sawênyahirèki | pangikale salsilah | uculing ngasuhul | sambunging napas listara | tan kêsotan miwah tingalnya lêstari | tan sêlaning paningal ||

--- 12 : 228 ---

500. Lan paningalira jroning arip | anging saking pasuhullanira | tan na owah pandulune | maring kang lagya rawuh | ing kahanan tan na ngêgèti | saprênahing alênggah | sira maksih tuhu | sang Sèh Adi Amongraga | graha siswa Tambangraras Ragarêsmi | nèng madyaning papajang ||

501. Mêdhar karamatirèng pangaksi | ambuncang cipta surasèng driya | kang gung brangta wulangune | tyasing kang marang sunu | mangka mangke mangkana panggih | têkane pajununan | têkèng bakda suhul | tan pae paèksanira | surasèng tyas kadi tan rumangsa ningit | dene tanpa antara ||

502. Miwah tuwukira mulat kadi | wus satata kulina andina | andoning (n)don lir sabêne | tan suka datan wuyung | amung panarimanirèki | kang wantah kadya saban | wus tan sangsayèng hyun | luwar kung rimanging driya | santri Monthèl Nuripin Cênthini Luci | angrukti pakutugan ||

503. Datan kêndhat kêluning dupa mrik | mrik saji-saji samya binuka | Cênthini marêk sang Nikèn | acadhang sakarsèng hyun | wau ingkang para ngulami | sira Ke Adimuncar | lawan Arsèngkalbu | miwah Kae Cariksutra | myang Rundarsa Carikmudha têmbe mèksi | maring Sèh Amongraga ||

504. Samya gawok dènnira ningali | sênênning cahya gumilang-gilang | pamulu jênar rumêmbe | wingit pasêmonipun | kèksi paenira ngaluwih | samya tan na kawawa | paguting pandulu | sêmune lan waelannya | cahyanira lir lintang parak ing sasi | kèsisan ing jalada ||

505. Tuwin para kadangira sami | mulat marang pupulunanira | Nikèn Tambangraras rêke | kalangkung saenipun | kaidayat marang ing laki | ahotaning wanita | lakine linuhung | samya micara ing nala | apanduduapan dudu. kaote lawan duk nguni | ing mangkya wus minulya ||

506. Ana sujalma pêdhêk sasiki | baya apane têmbe tumingal | angèmpêri pasêmone | paran siswanirèku | kulawangsa sami pra sami | pawitra tansèng wuntat | akukula tuhu | marang sang adi-utama | dulunira lir wus tan tinahèng kapti | bêgyantukbagyantuk.

--- 12 : 229 ---

paripurna ||

507. Sang Kae Sèh Adi Amongragi | arum wijiling pangandika |§ Kirang sawanda, prayoginipun / pangandikanya /. mring garwa lah sira Nikèn | ngabêktiya ramèbu | Tambangraras nulya ngabêkti | marang ing ibu rama | ingaras kang êmbun | pupuji sukur ring Sukma | myating putra wus sampurna ing kajatin | babare jalma tama ||

508. Ke Dimuncar lawan Arsèngbudi | Arundarsa Kae Cariksutra | samya micorèng jro tyase | sukur samya papangguh | lan Kae Sèh Adi Mongragi | palaling Hyang ring kita | gegeyonganipun | watês wêkasaning sabda | padungkaping kasidan maring kadadin | sampurnaning agêsang ||

509. Sèh Mongraga angandika aris | singgih utami apaparêkan | kewala lalênggahane | samya talabul ngèlmu | parlu sarta wajibing urip | arahab kang liningan | samya ngaju lungguh | miwah kang para waela | Ni Wilapa Pêlangi gawok ningali | maring sang maha prapta ||

510. Sarira rum angambar kasturi | cahyanira sumunu anawang | tahutuhu. binagus warnane | lawan rubiyahipun | yu utama Ni Selabranti | tunggal sênênning cahya | anrang ing pandulu | lir tan bisa-a-tumingal | marang kalihira sang maha awingit | kang misesèng kamuksan ||

511. Ratri ing wanci kaluruk siji | ingkang samya majêmuk animpar | anèng sanggar panêpène | sadaya kang nèng ngriku | tridasa tri jalma jalwèstri | lan Ki Bayi Panurta | Jayèngrêsmi nêngguh | kalawan Ki Jayèngraga | lan pra kadang Suwarja WiradhushèkiWiradhusthèki. | Panukma lan Panamar ||

512. Lawan Ki Sêndhi Kulawiryèki | Ki Pangulu Basarodin miwah | kang pra tamu sadayane | Dimuncar Arsèngkalbu | Cariksutra Carikmudhèki | Arundarsa Sèh Modang | Sèh Parimintèku | Sèh Mangunarsa Gungrimang | kulawangsa Piturun lan Palakarti | lawan santri Monthèlnya ||

--- 12 : 230 ---

513. Santri Luci kalawan Nuripin | sang Kae Sèh Adi Amongraga | siswa Ragasmara rêke | kang pra waelanipun | Tambangraras Nikèn Malarsih | Rarasati Turida | Ni Wilapa tamu | Palangi Cênthini miwah | Nyai-nDaya kalawan wadon Sumbaling | dene kang dèrèng wikan ||

514. Marang Kae Sèh Adi Mongragi | ngulama lima lan ro rubiyah | Dimuncar Arsèngbudine | lan Ke Cariksutrèku | Arundarsa Carikmudhèki | Ni Palangi Wilapa | dadya wong pipitu | kang samya katêmbèn mulat | wruh ing aran durung wruh warnanirèki | ing mangkya amastara ||

515. Langkung dènnya kayungyun ing brangti | ningali sang Adi kang winus man | pra ngulama kalimane | lir pendah prawan kêncur | sêdhêng mêpêkira birai | paês paèksanira | branta maring kakung | tyasira widhak-widhikan | angahyun-hyun karsane priya priyanggi | anjatèni duhkita ||

516. Adimuncar nêmbrama turnya ris | dhuh sang Kae Sèh Adi Nujêmba | pun bapa tuwèng wayahe | rasèng noming pamuwus | tyasing duwul awawaling ngling | wicaling pakaolan | kathah kang karungu | mugi tuwan tuduhêna | ing cipta-yu supadi angga kitèki | wruhing tata dungkapan ||

517. Sèh Mongraga angandika aris | singih apêllal langkung utama | ngagêsang punika rêke | wau ta sadayèku | samya bukuh (n)dêlingkên angling | tanggaping tyas cacadhang | tibaning pamuwus | kang supaya kadriya-a | pangalape bêrkah wiwinih ing jêrnih | andhêdhêrring wardaya ||

518. Pan tumungkul tumuhu ing kapti | wau sang Aotadi Mongraga | arum ing pangandikane | singgih kang para lul |§ = ahlul. ing ngatitah rêke puniki | sèstuhèng priyangganta | kang pinêlêng ing hyun | tan kêna ginampangêna | yêkti angèl yèn kinarya ngèl pribadi | gampang angèl nèng kita ||

--- 12 : 231 ---

519. Kadi ta rèh ngagêsang puniki | angrasani Hyang Kang Maha Mulya | amurba kajatèhane | lawan pribadinipun | akukula kang langgêng Gusti | Maha Suci Wisesa | rêke dhawakipun | awimbuh tan kawimbuhan | sasolahe lir nopèng tingal sajati | dulu-dinulu juga ||

520. Panglonging Hyang Sukma Purbajati | muksèng ana nir tanpa tuduhan | tan yuwana ing kayunne | kandhêging tingal luhung | paran marganipun pinanggih | kraya-raya rêkasa | saking pucuk gunung | anrang kalêngkaning jurang | sing lulungan kapati dènnya ngulati | tan wruh yèn juga dhawak ||

521. Kang ngulati mèlu angulari | kandhêg laju parah§ Prayoginipun / paran /. saparannya | marang ingkang nama rêke | tan wruh ing kawruhipun | yèn nutake kang dèn-ulati | adat tan wruhing ngulat | dadya angêlangut | lir kikinjêng tanpa soca | maksa nêmên mawas angiling-ilingi | brantaning kawuyungan ||

522. Kêdah wuyunge narik mring supi | supinira pan kinon ing wahya | jatmika liring-liringe | aywa liring kalurung | nêrak larangane pribadi | têmah anir gaibnya | pêsamudanipun | kandhêg nèng pasinang kita | kadyanggane kang sêkar kentir ing warih | nir gandaning puspita ||

523. Muwus linakon kalawan lair | kalawan mandêng imaning driya | pintên bangginipun têmbe | pangguh kajatènipun | Sukma datan adoh lan dhiri | makuwoni kanêngan | ramening ngasamun | atêbih yèn tinêbihna | singgih cêlak yèn cinêlakana ugi | marma tan kaduluwan ||

524. Kandhêg kasêlak wimbuh ing Widdhi | pangadhang ngêrat kadaliyan |Kurang satu suku kata: tan pangadhang ngêrat kadaliyan. tan wun doh tan na wangêne | luwih parêk tan rangkul | panggih sasat datan pinanggih | nèng jro kadhaton mulya | prana jêrnihipun | kalingan dening suweda | kita pendah pandung katungkul ingkang sir | tinêkêk tan uninga ||

--- 12 : 232 ---

525. Utami telat tuladan yêkti | wruh èmpêre kang ingèmpêr dhawak | nêtêpi tatakramane | sarengat kang linuhung | lan tarekat panggèndèngnèki | maring ing kajatmikan | kakekat kang nuduh | mring èmpêring kajatènan | kang makripat nampurnakkên kang pandêling | èmpêr sajuga rupa ||

526. Anging tutup ingèmpêr sajati | maha kasuciyaning Hyang Sukma | kang kabênêr utamane | sarengat pan rarungkut | tarekat marga jro ngati |Kurang satu suku kata: tarekat marga jroning ngati. kakekat suluhing tyas | kanyatahanipun | makripat waspadèng tingal | ing Dattolah isbat nèng sajroning napi | tuntuming paêsêman ||

527. Ewa punika osikên malih | Sukma purba dèn-pratelakêna | padungkapaning jatine | Sukma purba puniku | sajatine jênênging bêcik | ingkang luwih utama | kasuciyan ayu | kalintang parêk atinya | anglimputi wimbuh sèsining dumadi | kasukmèng Suksma purba ||

528. Murdaningkung kang wus wruh ing wangsit | lir dom ingobong cinlup ing toya | kêdah ingucap kang rinèh | tan anèng swara sêru | sabab sabda rungsit arêpitarêmit. | pawore rasa swara | lan kumandhang nguwung | nguwunge yêkti ngumandhang | jati rasa tanpa rasa anggrantêsi | tumamèng angganira ||

529. Trusing rasa punika Kiyai | pan kakekating bantala kita | kalawan uripe dhewe | rip tan kênane luluh | wawayanganing Dat sajati | jati-jatinipun Sukma |Lebih satu suku kata: jati-jatining Sukma. Ywang ingkang Murba Gung | awayangan Dat Mutêlak | ingkang pasthi anane lawan pribadi | maujud datan ngadam ||

530. Rêke trusing kang swara puniki | pan makripat ing akasa kita | kêjèpe pati uripe | paluluting ngalêngut | satyèng pati sajroning urip | langgêng kahananira | Hyang ingkang Maha Gung | awayangan napi salat | apan pasthi napi tan kalawan wiji | nis nir tanpa tuduhan ||

531. Rasa lan swara têrusnya salir | limput tyasnya condhong kajumbuhan | bantala ngakasa rêke | pan suhul batinnipun | têtêp-tinêtêpan Kiyai | akasa lawan kisma | kajatèyanipun | datan

--- 12 : 233 ---

kengang pinaeya | kang bantala anukma jroning wiyati | kasa nukmèng jro kisma ||

532. Bumi sapta langit pitu nênggih | ingisènan swarga lan naraka | loh kalam dhindhing jalale | têrus kajatènipun | sampun dening Sukma nur singgih | ing ngriku manawia | cêlak èmpêripun | têtèbèng gêdhonging Sukma | kang jinêman langkung agêng wêrit rungsit | tan kengang ginampang ||Kurang satu suku kata: tan kengang ginagampang.

533. Lamun tan wruha puniku kapir | yèn ta lamun awêruha kopar | pon sampun gagantungane | marmanta ing tumuwuh | tansah pangguh rubeda dening | apêse tyas kang ina | saking mahanipun | piyambak cakêp tan (n)dungkap | ingkang samya myarsa tumungkul sarya ngling | nuwun nuwun kewala ||

534. Saking karikuhanira sami | Kae Adimuncar Arsèngdriya | katri Ke Cariksutrane | samya nor lon umatur | marang Kae Sèh AmonggragiAmongragi. | papangkalaning sabda | dadya kapir kupur | kang uning tan uning juga | ing liripun punika ta kadipundi | pun bapa minta warah ||

535. Sèh Mongraga angandika aris | kita punika yèn datan wruha | dadi yakti balilune | tan wruh pisan ing ngèlmu | pêpêt datan salir mangêrti | sampun takdir tan bisa | kapire tan wêruh | ing ngèlmu rasaning kata | kapiripun satata lan sato najis | de tan na pangidhêpnya ||

536. Kang sampun wruh dadya koparnèki | sabab wus wruh surasaning swara§ Prayoginipun / syara / = sarak. | gampile lawan angèle | lohat lan muradipun | wruh êlide lan muradnèki | kalle datan sumêdya | anglampahi ngèlmu | karêp kang maring kasidan | amung wêruh ing bêbasan milang-milih | kumawon§ Prayoginipun / kumaton /. ginawokan ||

537. Jalma kang ahli micarèng ngèlmi | ujaring wong ahli sarengatan | langkung dening utamine | tinimbang lan kang busuk | luhung ingkang pintêr abêcik | pae lan kang ahli kak | tan micara ngèlmu | milang milih kalal karam | cêgah pakon wus tan

--- 12 : 234 ---

nêdya angingusi | lamun kalabêtana ||

538. Mung anungge brantinirèng Widdhi | ingkang tan lawan kêcaping lesan | sêdya anêkani rêke | ring niyat ingkang luhung | purbaning tyas maring kadadin | tan ayun ahli kata | sanalikanipun | dènnira andhêdhêr niyat | tumanême cukup nèng lèlèran tokit | tanpa mandêng ing tingal ||

539. Tingal jati anirnakkên liring | liring awas murcitèng paningal | sung sinunge tingal mangke | marmanya tan dinulu | tingal jati kandhêh tan liring | katingal kang sung tingal | luhung kang kadulu | inggih ugi dhawakira | kang kadulu lan dinulu tan kakalih | layap paranning tingal ||

540. Sampurnane tingal lan papalih | tan mulat ing nala jiwaraga | tingale wus brastha kabèh | kabèh luyut tan emut | kandhêg tingal ing karsa jati | sakarsa dera molah | kajatèyanipun | singgih ugi kang wasesa | dasih awas tansah pinolah ing jati | amawas winaspadan ||

541. Wontên pralambi dhalang wignya di | anukma sêdya sakarsanira | tan ana wruh ing anane | tar wikan wontênipun | wruhing dhawakira pribadi | wruhing saparipolah | kawignyan myang kahyun | lawan wruh solahing wayang | sadèrèngipun wontên wayang lan kêlir | tansah dènnya awayang ||§ Prayoginipun / amayang /.

542. Wawayange tan suka tan kingkin | wayang akingkin suka priyangga | cinatur guna bisane | ing ngriku duk angaku | lamun dhalang wignya di luwih | dhalang amêdhar karsa | wus sinamuting hyun | anyatakkên ing sarira | nyatèng wayang nyataning dhalang nèng ringgit | sampurnaning paningal ||

543. Dhalang wayang tan suka prihatin | dening sirna paningaling wayang | kèsthi kang ngamayang sihe | marmanipun angayut | jiwa raga datan kaèsthi | dhalang kanguningana§ Prayoginipun / kauninganana / [kauningana]. | wus kalimput ing hyun | kandhêg ing asmaranala | lênglêng mangu sukma-jati anggantyani | dhalang Sukma-wisesa ||

--- 12 : 235 ---

544. Datan ana sêmbah kang kaèsthi | tan lyan muhung kahananing Sukma | tan wrin ing ala bêcike | pan anggung branta wuyung | tan mastara kawula Gusti | anane anèng Sukma | -jati lulut-luyut | wus luluh sajroning karsa | karsa jati anirnakakên ing kapti | kapti anunggal karsa ||

545. Waluya rêke kadi duk nguni | tan ngukumi sêmbah kang sinêmbah | anirnakkên sakalihe | tan wontên wikan tan wruh | kandhêg kèrêm ing jalanidhi | dadya têmahan bathang | kang kagayuh alus | tingkah lan polah tilarsa | malbèng karsa ing ngriku amanggih urip | urip tansèng hèrnawa ||

546. Sukma langgêng rip tan kênèng pati | kang tan lyan sih sahe kang mong-raras | sapocapan jro ênênge | anangis jroning guyu | driya mendra lagi ing kapti | tan ana sinangsaya | mung wignya mong lulut | lir palwa drês kapawanan | tan uninga parannya ing drênging angin | tan kengang winangênan ||

547. Liyan lêngut anane tan kèsthi | tanpa jiwa datan amangeran | -jati minangka jiwane | raga jiwa tan nuwus | layap laut§ Prayoginipun / luyut /. aliru dhiri | parau mot sagara | kawimbuhan lulut | asmara kandhihan§ Prayoginipun / kadhêhan /. raras | kang andulu kadulon kang angsung liring | larangane Pangeran ||

548. Yèn tan sapandulon tan pribadi | nihan pancadriya dèn-karêksa | dasa-ndriya dèn-katalèn | ywa wèng-wèng dèn akukuh | kinirangan bukti lan guling | rumêksèng rajah-tamah | manah asêdya-yu | ring rubeda karêksa |§ Kirang sawanda, prayoginipun / karêksa-a /. pasimpanganing takiyur dèn-atokit | dèn-wikani pinangka ||

549. Pinangkaning sêmbah sêbut puji | datan liyan rêke kawisesa | kang tansah amurba ing rèh | anduming ala ayu | kang aniksa angganjar ing sih | ambagi ka-akiran | swarga naraka gung | ing dalêm dunya akirat | kang alanggêng ing karsa tan na ngowahi | tan gingsir tan awêwah ||

--- 12 : 236 ---

550. Rupaning kêlir tan kita jati | marmanipun sinung-jati awas | ing rupa kadi rupane | rupa jro carmin agung | kanyatahan ing rupa jati | rurupan katitipan | tan beda rupèku | dene akêmbar lan Sukma | rupa-jati tansah rupa Maha Sukci | tan wontên sanepanya ||

551. Tanpa sasama ananing Widdhi | datan miyat datan kalamangsa | saking prênah parênahe | mangka duk rapalipun | yèn dinulu dera Hyang Widdhi | tan dihat tan musapat | wontên kantan. andulu | tan wontên kulon lan wetan | êlor kidul ing têngah ngandhap myang nginggil | Hyang Maha Sukci juga ||

552. Ing ngagêsang punika Kiyai | tan sampurna angaji sêmbahyang | anêbut myang muji rêke | andodonga Tawasul | dèn-kongsi mênirên kang lathi | sêmbahyang dèn-kongsiya | bênjut bathukipun | datan antuk wawangsulan | kang angaji gumrêmêng punika sami | lan wong omong-omongan ||

553. De kang antuk wangsulan kang jati | ngirigakên§ Prayoginipun / ngêrigakên /. sakèhing Apêngal | ing kasab pangibadahe | suku bau calathu | datan ayun aminangkani | mung sèstuning wardaya | ginulang ginêlung | aningsalakên kal donya | maha sucèkakên niyat mring kajatin | tan cambor ing panyipta ||

554. Miwah tan pepeka ing pangaksi | datan sêlan marang pandaliyan | pasèdhènganing awèngwèng | têbih saking takiyur | tyas numama maringi§ Prayoginipun / maring ing /. napi | tan ana inisbatan | mung napi sinungku | tinokitakên ing driya | tan kumlamar kumalêndhunging pangèksi | angomplangakên cipta ||

555. Pan wus tanpa sêmbah tanpa puji | tanpa solah muni lawan muna | tan nadhah tan nendra rêke | tan sêksi tan sung-sinung | ing sasaminirèng dumadi | amuhung pribadinya | tanjul ing panaul | lalyèng toh jiwangganira | kawaspadan tan ana ingkang kaèsthi | mung tunggal ing panunggal ||

556. Sukma rimbag wutuh dèn-tingali | saosike ya Sukma bêlaka |

--- 12 : 237 ---

wujuding Sukma tan-pae | wus tan kengang binastu | woring jati kula§ Prayoginipun / kwula /. lan Gusti | Maha Gusti ta kula§ Prayoginipun / kwula /. | sih kajatènipun | lamun kita tan kadyèka | kula§ Prayoginipun / kwula /. misih kula§ Prayoginipun / kwula /. Gusti misih Gusti | tan kengang wor-winoran ||

557. Jalma ingkang ahli Sukma singgih | tan sawênyahira ing panêmbah | kalawan Dad lesanane | pan namung bangsa kalbu | ing kanênganipun ginanti | baksana inalapan | sabusananipun | mênêng sakaliring karsa | tanpa pepeka marang ing sakaptinèki |Lebih satu suku kata: tan pepeka marang ing sakaptinèki. ngêningkên ênêngira ||

558. Nalikanya ing dalêm sawiji | paalêmanipun ing antara | sapta sasi sasikine | sumungku ing ngalimut | sêlan sira tingkah ing nguni | tan ngunandikèng driya | sara surasèng hyun | ywa kadadyaning kawukan | muhung kadungkapanira ing kadadin | sumêdya purnèng karsa ||

559. Wondening§ Prayoginipun / Wondene /. kang winastan ingangling | sajatine ngèlmu yêkti niyat | niyat kang brangta angluwe | tawêkal ing pangridhu | tyas kang sura lêgawèng pati | papa pantakèng driya | santosa ing kalbu | jatmika tan kajaruhan | menak tadhah tahên mung sariring angin | sor kulup kang rinasa ||

560. Ingkang sinasmitaning pandêling | samya anor palungguhanira | angapurancang jarine | Ke Bayi manthuk-manthuk | andhêkoni tasbèh winilis | sadaya ingkang myarsa | aniniling wuwus | sami nyathêt ing wardaya | sira Kae Adimuncar Arsèngbudi | miwah Ke Cariksutra ||

561. Samya ngunandika jroning ati | tuhu lamun winus-man ing Sukma | arampung ramping aranne | lir kang ingucap wau | mungguh Allah kang Maha Sukci | jumênêng lawan hawa | ing kahananipun | yèn na kaya Asmanira | dadi Ingsun iki Hyang Kang Maha Sukci | dene tan jênêng Allah ||

562. Têka samya mèsêm jroning ati | wau sira Ki Sèh Amongraga | kapatu jroning driyane | amanggut sik-ing kalbu | mèsêm pangandikanira ris | Kae Sèh Adimuncar | Kae Arsèngkalbu | katri

--- 12 : 238 ---

lan Ke Cariksutra | cipta lamun yèn ingsun iki Hyang Widdhi | de tan inguwuh Allah ||

563. Cipta ingkang makatên Kiyai | apan botên singgih jatinèka | mungguhing Allahu khake | nèng wujud kita tuhu | kang kadulu pribadinèki | tan lyan kang amastara | dhawak kang maujud | sawêktu kanênganira | ngèsthi suci kang mulya tan ana malih | rupa rupaning Allah ||

564. Allah dede rupa kang kaèksi | dede badan kita kang kawulat | angga jiwa raga dede | Dat ingkang Hyang Maha Gung | ênêng kita ingkang mustakik | mukik kang kak mutêlak | langgêng jatinipun | ing jaman kanêngan kita | pan kanêngan puniku wujuding napi | tan kengang kinaya pa ||

565. Mahasukci nucèkkên pribadi | kang wus (n)dungkap ngèsthining§ Prayoginipun / ngèskining / [sudah benar]. kanêngan | mulya kadi duk orane | ing nguni datan suwung | mangke kita tan anggêdêri | ing têmah kajêrnihan | tan rame tan samun | sêpi samya sanalika | ing sakêdhaping§ Prayoginipun / sakêdhèping /. netra salaminèki | tan kêkêl lan sakala ||

566. Anèng dalêm sawijining gaib | marma kita tan anjênêng Allah | saking napine Hyang rêke | saking saèstu bastu | ing (m)botêna lan wontênèki | anane nanging ora | orane ing wujud | wujude tanpa karana | pasthi anèng pribadinira Hyang Widdhi | dhawakira ya kita ||

567. Kang puniku tan kengang ngakêni | Asmaning Hyang sawênyahing jalma | kaanan sapapadhane | laranganing Hyang Agung | nakdirkên ing dalêm sawiji | sanadyan kang sampun man | ing Hyang kang Maha Gung | pon uga tandha ga asma | yan muayat sajuga sayêkti gidib | goroh pangakênira ||

568. Langgar kewala soso§ Prayoginipun / dhoso /. dera ngling | ngaku anung kasiku ing sarak | myang wajar ahli balade | kawisesa ing ratu | kang rumêksa saraking Nabi | anrapakên kukumah | panjênêngan ratu |

--- 12 : 239 ---

kakisas sarana donya | mring wong ahli nunggal Asmaning Hyang Widdhi | ratu kang kawajiban ||

569. Nampurnakkên donya praptèng akir | panguntape mungguh ing kasidan | nirkên gidib lairahe | têkèng kamulyanipun | jalma yyan kadyèka Kiyai | wus jomblah ing surasa | lan ingkang sinuhun | samya babagan manpangat | wontên emba singgih kawulaning Gusti | kadi-kadi kadyèka ||

570. Jalma ahli wingit tur akunci | amamanggut surasaning driya | kang dadya pangahyun-hyune | maring kamuksanipun | minta jalaring nayarati | kasiranning kadadyan | ayun wruhing dunung | jiyarah têpyang samodra | alalanggat lawan siswanya kakalih | ngalairkên salsilah ||

571. Tan na lami janma kang ataki | wêntar kaèksan ing Ngaksiganda | dening siswa ro gumyahe | pinulung wèng§ Prayoginipun / ing /. sang ratu | janma taki linanggat ing sih | sasiki tanpa siswa | pinardikèng luyut | dinunung nèng ing Tunjungbang | wus kapadhaning karsa sang ginastuti | datan antara muksa ||

572. Têtêp kamulyanira inapti | rahmat dhatêng padungkapanira | sang Sinuwun pangatêre | kang agung maha luhung | aminihi kusuma-aji | amanat jiwa Sukma | ngudanèni kalbu | tan silong ing samar-samar | suprandene datan arsa angakêni | pan panunggaling Asma ||

573. Wontên malih kawulaning Widdhi | anglairkên panunggaling Asma | angakêni sawantahe | lamun pribadinipun | pasthi Allah Kang Maha Sukci | kawêntar ing Bintara | majêmukanipun | pra ratu wali mong sarak | wus tan kilap kang minta (n)dungkap ing akir | Ki Ngabdul Siti Jênar ||

574. Sinampurnakakên ing kajatin | kisase agama lan gagaman | marga mring kasuciyane | brastha sasiswanipun | lawan pangadilanira ji | rumêksa ing sarengat | sarta lawan hukum | marma titahing ngagêsang | lamun malih dèrèng santosa ing tokit | tokit maring kanêngan ||

--- 12 : 240 ---

575. Kang kanêngan punika Kiyai | ngudi agama kang kinarêpan | sumungku tan wangwang-wèngwèng | punapi prabotipun | mapan sampun wontên pribadi | sarengat lan maripat§ Prayoginipun / makripat /. | pae ahlinipun | wontên tokite priyangga | tata sarak tan kengang ngucap pribadi | kêdah ngumum muayan ||

576. Lawan ngibadah tartip kang suci | anglampahi sukur suka-rêna | janji cêgah lan pakonne | Adalil Kadisipun | ngutamèkkên agama Nabi | Islam ingkang minulya | ayuning tumuwuh | kalawan nyandhang amangan | ingkang sarwa-kal marganing pakarti |§ Kirang sawanda, prayoginipun / marganirèng /. supadi santosa-a ||

577. Pangibadahira ing Hyang Widdhi | amangeran isbat napining Hyang | anane mung isbat bae | anêbut ing Hyang Agung | anarima napining Widdhi | kang nora warna rupa | tan kengang kinalbu | untung bêcik lawan ala | saking Allah Tangala ingkang (n)darbèni | sakèhing puji sêmbah ||

578. Tarekate sarengat puniku | atakabul ngèlmu ing punggahan§ Prayoginipun / ingunggahan /. | ayun wruh têgês-têgêse | Dalil madêlulipun | pangalaping Kadis kudêsi | Ijêmak lawan Kiyas | wajan mutadèku | angêkèh-kèhkên ngibadah | ngêkèh-kèhkên puji dikir pangabêkti | sumêdya ahli gama ||

579. Kakekate sarengat kang ngèlmi | anyatakkên ing panêmbahira | sunat kalawan parlune | ing siyang dalunipun | ngêkaskên utamining ngèlmi | tan sêdya jamak ala§ Prayoginipun / jamak kala / = jamak kadha Ar. | tan sêdya pot wêktu | sumêdya brangtèng panêmbah | maring Allah kang asipat murah asih | angêgungkên Asmanya ||

580. De makripating sarengat nênggih | maha-nucèkakên ing panêmbah | kalawan eklas jêrnihe | suci badanirèku | lawan tumaninah kang tartip | sucine lesanira | amicara ahlul | katri suci atinira | lawan mukaranatuhu§ Prayoginipun / mukaranatuha /. ing Hyang Widdhi | tan

--- 12 : 241 ---

angloro Pangeran ||

581. De ta tokit ing makripat nênggih | anirnakkên ing paningalira | (m)brastha tyas toh jiwanggane | nala nalikanipun | datan mangkya datan ing nguni | tan mulat ing Pangran |Kurang satu suku kata: tan mulat ing Pangeran. tan mulyat§ Prayoginipun / mulat /. lyannipun | ring badanta pon tan mulat | pangulate mosik kalawan pribadi | datan lawan kinarya ||

582. Sarengate makripat Kiyai | anggigalkên ngamal ing kal-donya | cêgah nadhah lan gulinge | lumuh misil donyèku | miwah rajah tamah kawuri | tan ana kinarêpan | papaès myang puluk | rasaning boga tuwuhan | datan ngingus andadarus ngaji jilid | kitab kalawan Kur'an ||

583. Tarekate makripat puniki | amèndra nis ngikis ing sasana | nimpar tan bastu unggyanne | andhewe dhawakipun | tan sêdya wor marang sasami | tan sukur wèh-winèhan | asêlang pamuwus | sapandulon lawan jalma | solah muna-muni sênênge§ Prayoginipun / mênênge /. pribadi | beda badan budinya ||

584. Kakekat makripat kang yakti |Kurang satu suku kata: Kakekat makripat kang sayêkti. angyaktèkkên khake dhawakira | tan ana pandalihane | kang lyan-lyan ing pandulu | tan kadulonnirèng pandêling | mangeran ing dhirinya | pribadi dinulu | maha sukci priyangganta | datan tawang tuwang tuwin jirim mukin | wontêna§ Prayoginipun / pon tan na /. dhawakira ||

585. Makripating makripat kang ngèlmi | rila dharat wiyat tan winulat | mulya suwung kajatène | plêng komplang angga muncu | tan angêntha ing badan budi | wus tan mangeran ing Hyang | Ingkang Maha Agung | tan mangeran ing dhawaknya | tan mangeran ing dalêm sakalir-kalir | ênêng tanpa karana ||

586. Kang makatên punika Kiyai | datan kengang camboring panduman | salaya lawan takdire | tan wontên kikmahipun | lamun maksih anandhang bukti | tansah ring rajah tamah | misil

--- 12 : 242 ---

kal-donyèku | kumêdah wruhing Dattolah | lir padhati agiling§ Prayoginipun / anggiling /. anèng jaladri | palwa ngambah ing lêsta ||

587. Pinèt lampahe ingkang lêstari | saking punapi lamun sagêda | anggampilakên kang angèl | tuwas tiwas tan ayu | lir bintaro kèli ing kali | tinututan nèng dharat | pundi marganipun | bintaro yèn kagayuha | atèn-atèn luhung lir rayap prayogi | anêlatèni pangan ||

588. Wrêksa kisma rijêkinirèki | tan melik mring panganing manungsa | saking mukul§ Prayoginipun / mungkul /. panrimane | bali wruh takdiripun | tinitah kalawan abukti | makatên malih uga | ahli sarak Rasul | dèn-anungge ing sarengat | cêgah miwah pakon mokal lawan wajib | tinuhon linampahan ||

589. Anging wontên wajibing aurip | parlu amrih ngèlmuning Pangeran | angguguru ngaji rêke | kitab Kur'an dinarus | narik bodho mring pintêrnèki | ngupaya pangulatan | ngulama gung jamhur | Sarapdin ahli mumulang | anêlaskên sarasaning ngèlmu wajib | marma sami rinasa ||

590. Samya enggar tyasira kang myarsi | dènnya kagunturan sabdatama | pan sadaya wardayane | kathah paedahipun | kadya papan cinitrèng sungging | tuturutaning pulas | tan na kang tan surup | raosing tyas kagawokan | ing wuwuse Mongraga anuju kapti | sing ngarsa dèn-lakokna ||

591. Dhininganan§ Prayoginipun / dhinginanan /. ing pamuwus aris | samya anggalih dening mangunah | wruh durung winuwusake | saosikirèng kalbu | sinauran kalawan angling | tanggap pasang surupan | -nira tan kaliru | tyasnya kadya sinuluhan | mèdèt mentar kabuka kabuling kalbi | kababaring wacana ||

592. Lir wuwuse wau Sèh Mongragi | amayangga sêmining Tunjungbang | anyenggol paliringane | tan dinoh ing asêmu | ngêkêr dhiri mukir ngêngkoki | nata ing Nayaganda | cihnane

--- 12 : 243 ---

ngapulung | lèjême jaman biragat | Ki Lêmahbang kinambang anèng para ji | ajiwa Sukma mulya ||

593. Limang siki siswanta kaswasih | kaèsisan sukaning mabèlan | purna pupul kamulyane | pranyata ahli luhung | Sèh Mongraga jalma-di luwih | lèlèjêmirèng sabda | tan mantra ing sêmu | lumuh kawanguraning lyan | langkung dening kawêrit wingit akunci | pacuhan kaoncèkan ||

594. Sira Kae Bayi Panurtèki | mulat ing putra tyasira kadya | tan anglala ing praptane | sing pangumbaranipun | datan pae kadya duk misih | anèng ing Wanamarta | lawan antênipun | miwah pra kadang sadaya | tan prabeda lan cipta kadya Kiyai | tan nyana mêntas ngendra ||§ Prayoginipun / mendra /.

595. Alon matur Kae Arsèngbudi | tuwan Kae Sèh Adi Nujêmba | maklum tuwan mring ngong rêke | pun bapa pan kumudu | minta rèhing sang Adiluwih | sampurnaning ngagêsang | supadi ywa mangguh | kadudoning dalêm titah | pintên banggi swarga kir yuning yomani | maniking kanikmatan ||

596. Sèh Mongraga angandika aris | singgih rêke Kae Arsèngdriya | kewala ing sasênênge | ing agêsang puniku | pundi ingkang dadya wiwinih | manah prênahing titah | tinuhoning kalbu | nut palalirèng Hyang Sukma | punapi ta sarengat paranning branti | paran branti makripat ||

597. Lamun branti ing sarengat singgih | dèn-maksud wajibing Rasullolah | kang sidik amanat tablèk | lawan mokaling Rasul | gidib kyanat kikmat puniki | lirning sidik dèn-nyata | ring tri prakarèku | kang bênêr solahing badan | pangibadahipun salat kang asukci | tatakramèng panêmbah ||

598. Bênêr solahing lesan puniki | kang asuci pangucaping salat | myang pamuji panêbute | sakêcapirèng ngèlmu | kang abênêr solahing ati | amung karanat tuhu | kasuciyanipun | asalat kalawan driya | manggut ikram mirat munajat tubadil | nalika nèng kanêngan ||

--- 12 : 244 ---

599. Lire amanat kapracayanèki |Lebih satu suku kata: Lir amanat kapracayanèki. dèn-pracaya badannira salat | kalawan dhangan rahabe | anêkani ing waktu | tumaninahipun kang tartib | tan ngênêngakên solah | pangibadahipun | tan molahakên kanêngan | sarta datan andhinginakên kang kèri | tan sumêlang ing tingkah ||

600. Kang pracaya ing lesanirèki | anuhoni saunining sastra | kir'at sarta pasêkate | suci barang winuwus | wuwus kang tan andurakani | juwêt anêbut Asma | ingkang agung-agung | anyêgah catur alahan | rêke karêp kewala misiling ngèlmi | kang kalawan utama ||

601. Kang kapracaya marang ing ati | datan ninang tanggaping wacana | parênging batin laire | tan salaya ing kalbu | lawan lesan badanirèki | kang dêling anèng driya | muna-muninipun | ing waktu ngibadah salat | ing pratingkah anêbut muji Hyang Widdhi | kalawan dhawakira ||

602. Lirnya tablih kang ngandêl kang ngèlmi | mungguh ing badan kangge sasalat | sêmbahyang pangibadahe | ngumut asihing wêktu | datan wontên poting ngabêkti | antênging palungguhan | kuwat pangguh tamu | arosa tapakuring Hyang | angluluri linakon tan angêlongi | santosa ing agama ||

603. De kang ngandêl lesanirèki |§ Kirang sawanda, prayoginipun / ngandêl mring /. ingkang ngutamèkkên ngèlmu sarak | mijiling Dalil Kadise | Ijêmak Kiyasipun | tan kalêmpit murat rasèki | wruh surasaning sastra | kitab agung-agung | anggunggung Asmanira Hyang | atawasul ngamalakên ngèlmi salih | ngêgunghakên Hyang Sukma ||

604. Kaandêle mungguh mara-ati | mantêp dhatêng kal ngibadah moka§ Prayoginipun / moga /. | salat wujude Hyang rêke | tokit kalbuning Rasul | maha sucèkakên Hyang Widdhi | mantêp iman Pangeran | Agung Maha Luhur | kang asipat bijaksana | tyas sru masud ing agama sarak Nabi | Mustapa dutaning Hyang ||

--- 12 : 245 ---

605. Lirnya mokal ing Rasul pan gidib | kiyanat kikman§ Prayoginipun / kikmat / [kitman]. ingkang punika | mokal yèn kinarsakake | goroh palacidrèku | lan angumpêt liripun nênggih | apan gorohing badan | mangan mumah mumuh | anêdya sirih puwasa | angalibi tyas maring mungsuhing Widdhi | amor agamanira ||

606. Palacidraning badan puniki | karêm anendra dalu lan siyang | narajang wayah wêktune | tan kabuka ing ngèlmu | tan sinungan akal tan salih | meda lara dumadak | pot wêktuning ngudur | badan tan têkèng utama | rêke andhap kewala agamanèki | tansah dadya paguywan ||

607. Lire anyumpêt badanirèki | lamun sêngsêm karêm ing sahuwat | dening istijla junube | angêndhak cipta luhung | kasuciyanira mring Widdhi | anggung kula kulina | kalangênanipun | mring wanodya dadya sudra | agamanya tan (n)dungkap manggaripati | yèn sisip ngro Pangeran ||

608. Dènta goroh ing lêsanirèki | pangucapira tan linaksanan | (ng)guguyu kèh lêlahane | tan sêmbada ing wuwus | ngaji tutur tan wruh ing tulis | dadya tuna dungkapan | tan titis ing ngèlmu | de palacidraning lesan | pangucape anggêgawok paksa luwih | wuwus kudu gumisa ||

609. Tur tan rujuk sambunging angling |§ Kirang sawanda, prayoginipun / sambungirèng /. ngarat-arat lumaku tinut-a | ujare kang angèl anèh | yèn tinut-a tur kumprung | karya samar kang bodho ngèlmi | limyalirnya. ngumpêt kang lesan | micara kang dudu | angangèl-angèl kang gampang | anggampangkên kang angèl kinarya gampil | ya tanggung donya kerat ||

610. Wani katêmpuh dènnya matêsi | langar langguk majibkên kang mokal | mokalkên kang wajib rêke | gumaib ningit wuwus | pan lumaku dèn-guguroni | sayaktine angupa | jiwa kang kadyèku | aramban sandhang lan pangan | wondene kang agoroh mungguhing ati | ambatalakên niyat ||

611. Niyat kang marang agama sukci | datan yuning§ Prayoginipun / uning /. niyate kang

--- 12 : 246 ---

tama | pan akèh-akèh dinalèh | pan muhung ing aluhung | lamun ati pasangan Widdhi | tansah akaya-kaya | kang angêthul kalbu | takiyur agamanira | dene palacidra kang mungguhing ati | pepeka sêlanyana ||

612. Ura rubeda ngalih pandalih | dadya tan (n)dungkap maring kanêngan | mamang sêmang-sêmang wèngwèng | saking tyas tan pituhu | ning sir êsir rarai eblis | ikrame karameyan | tan pintêr tapakur | kur-ukur agamanira | wondene kang angumpêt mungguhing ati | takaburing panyipta ||

613. Amaido salirirèng osik | ngunandika nukarta ing nala | datan wontên nalikane | tan angèl mung tinuhu | tan na laku kang ginagati | tan wruh ing kasisipan | -nira ing tumuwuh | tuwahtuwuh. tuwas katiwasan | kang makatên puniku Ke Arsèngbudi | tan dadya kasidannya ||

614. Marma sarak sarengating Nabi | kêdah kita mawas nokitêna | ngèlmu kang pinarlokake | wajib mokaling Rasul | ingkang mangsub marang ing wajib | kang kipat marang mokal | tan arus angingus | ambatalakên agama | kang liningan Adimuncar Arsèngbudi | katri Ke Cariksutra ||

615. Samya anor tumungkul sinung ling | saking kasinggihanirèng sabda | pra tuwa sukur ciptane | Mongraga malih muwus | de kang ahli mangaripati | tan ngudanèni kabar | ring sastra kang agung | ya mung sabar lan tawêkal | rila sukur marang ahline sakalir | sakalir wus takdirnya ||

616. Tan wor lan wong kang agama Nabi | pan wus karsa ajaman priyangga | anungge ing pribadine | mung tuhu kang binastu | salat mati sajroning aurip |Lebih satu suku kata: salat mati sajroning urip. kang urip tan kalawan | langgêng jatinipun | aurip sajroning pêjah | tan kêna dinunung ingaranan pati | patitising kasidan ||

617. Kewala ngalih panggonannèki | datan pae ing wau ing benjang | ing sih wus tan na wangêne | paran sakarsanipun | apan sarwa kewala dadi | langgêng tan winangênan | suwungira mujud | mujude tan kasamunan | wus tan kengang kinaya-pa ing

--- 12 : 247 ---

pandalih | juga tan paja muga ||

618. Wontên sanepa emba pralambi | tunjung tuwuh anèng madyantara | awungkul nanduk gandane | ing warna tan saèstu | kaêlêban ing jalaniddhi | laute tanpa tirta | hawa tanpa uwung | asênêt tanpa sasana | ganda milêg tanpa ambu anglabêti | nyataning kanyatahan ||

619. Anèng pambukaking manah êning | marma jalma kang ahli makripat | sênêt nèng kaelokane | tan bastu ing padunung | amêmutung pribadinèki | tan wikan ing priyanggan§ Prayoginipun / priyangga /. | -nira wus maha gung | tan ayun kawangurana | maha nucèkakên kalawan pribadi | abadan budinira ||

620. Lir patanyaning jalma kang luwih | ahli rasa surasaning sabda | wus amêngku saliring rèh | pan kalih prakarèku | kang tinanya marganing pati | lan ênggoning patinya | pundi sèstunipun | lamun ta datan wêruha | ing agêsang punika sirik tur kapir | patine siya-siya ||

621. Ke Cariksutra kapranan kapti | osiking tyas yun tinanyakêna | ing mangke winêdharake | asru suka gumuyu | winantonan ing guyu sami | ing rasa wus anduga | kapatujon kalbu | Ki Cariksutra ris nabda | kasinggihan sang Adi nujwa dènnya ngling | kadipunêndinira ||

622. Sèh Mongraga angandika aris | singgih linge Kae Cariksutra | dadalane pati rêke | alul§ Prayoginipun / ahlul /. iman ing ngèlmu | kang tan samar paningal ngèsthi | hu êlaking mubarap | kalaratulsakaratul. maut | pasthèning duryat wêkasan | datan wontên ing marga simpanganèki | kêncêng donya ngakerat ||

623. Lêstari marga gung ingkang suci | gamblang apadhang tan kumalêndhang | ajêmbar tan na sikune | tanpa pinggiranipun | myang tan ana lyan kang lumaris | amung pribadinira | alampah ing ngriku | tan ana pancabayanya | lêlampahan limangatus taun naming | salayaping paningal ||

--- 12 : 248 ---

624. Langkung endah marga gung mring ngakir | botên (n)dêlarèh lir marga donya | margendah saupamine | marga ahlining ngèlmu | ngèlmi patang prakara nênggih | marga Dalil akerat | kabar yakin tuhu | wiwinih ngèlmu sarengat | ngènul§ = 'ainul. yakin wiwinih tarekat nênggih | khakul-yakin winihnya ||

625. Kakekat lawan akmayul-yakin§ Prayoginipun / akhakkul-yakin /. | wiwinih ingkang ngèlmu makripat | ing pati wus bisa dhewe | datan lawan dinunung | babing pati wus anduwèni | ing karahmatanira | langgêng tan na uwus | kakyun-yakin§ Prayoginipun / khakkul-yakin /. pan wus nyata | angêngkoki uripe prasasat pati | sakêjale paningal ||

626. Ngênul§ = 'ainul. yakin sayêktine pati | datan owah sawênyahing titah | sampurna kauripane | wontên pribadinipun | ing pamanggihirèng pangaksi | kabar yakin punika | warta ingkang tuhu | ing pati wus kadalilan | Ijca Kiyas tan ninang mungguhing pati | pamanggihing ngakerat ||

627. Ngèlmi patang prakara pan dadi | dadalaning pati tan utama | kalawan iman kang salèh | krana dadalan agung | pangingkuping marang ing napi | ing kalanggênganing Hyang | kajumbuhanipun | nèng jaman kanêngan baka | sakèh makluk gêng alit jalu lan èstri | tunggal sawiji patya ||

628. Makluk kang sinung nraka lan swargi | lagi (n)dungkap lan pati pan padha | andhap lan luhur tan pae | kang sasar kang marga-yu | datan wontên prabedanèki | pan sami kawimbuhan | sadayane makluk | ing pati tan kêna ora | mungguh ta kita ki pamanggihing ngèlmi | sayêkti beda-beda ||

629. Punapi takdirira pribadi | takdir nabi takdir waliolah | takdir ratu nurbuwahe | takdire pra mukminun | takdir Islam lan takdir kapir | punika pamanggiyan | -nira bakdal-maut | pangucape kang sarengat | (ng)gonning mati nèng kubur makam paraki | pangguh swarga naraka ||

--- 12 : 249 ---

630. Kang tarekat tur ênggonne pati | apan anèng kubur makam jamak | manggya lalan yune reke | kakekat pan anyatur | (ng)gonning patinèng kubur singgih | makam jaminul jamak | mangguh lali emut | ucape kang mangaripat | (ng)gonning pati kubur makam baka singgih | urip tan kênèng pêjah ||

631. Marma langgêng kewala ing akir | kang cinatur mungguh swarga nraka | ngibarat upama bae | rêngganing janma luhung | lan rêngganing janma sor urip | kang maksih sinung hayat | kauripanipun | wênang akarya penginan | lawan wênang ing sorah karya wêwêdi | supadi praptèng tama ||

632. Pinindi ing ngèlmi pat prakawis | sarengat lan tarekat kakekat | makripat rêke tan pae | ing kajatèyanipun | kang mangka idayattolahi | purbaning ngèlmu papat | pedah apituduh | marang ing agama mulya | supamine sujalma sinuprih luwih | punjul samèng tumitah ||

633. Krana ngèlmi wus nampik amilih | ngèlmi kang pedah mring kaluhuran | wahyu donya akerate | kikmah kamulyanipun | lan ngèlmi mrih sosoring urip | pituduh kang agiwar | mring Sang Maha Catur | ngèlmining Hyang Kang Minulya | yakti dadya dadalaning pati urip | pamanggiyan kamulyan ||

634. Miwah pamanggiyan durakèki | datan kêna linyok ing panduman | ala kalawan bêcike | pasthi mijil sing ngèlmu | wulang wuruk tuduh bibisik | pan saking ngèlmu uga | tan lyan saking ngriku | ihtiyar pamilihira | swarga nraka ala ayuning pamanggih | ing kauripanira ||

635. Miwah pamanggih sawusing pati | inggih ingsa§ Prayoginipun / insya /. Allahu Tangala | wa hu-aklam§ Prayoginipun / wa-hu-'alam /, saking: wallohu'alam. pambagine | ala kalawan ayu | pasthi datan uwus pinanggih | kadi banyoling murat | wawadhaganipun | dalaning pati ginawa | mring dalanggung gêdhe ywa nimpang ing margi | kang tutug ing kuburan ||

--- 12 : 250 ---

636. Lamun nimpang satêngahing margi | ambêlasak marang ing pomahan | ambubrah dhadhah myang bêthèk | ngambah dudu dalanggung | pasthi nêmu srêngêning jalmi | dèn-balak ingakathah | sêdya ambabêntur | malah patut binlojodan | babathange kinèn ngèlèkkên ing kali | kang gawa jinêmalan ||§ Prayoginipun / jinêmpalan /.

637. (ng)Gonning pati linuwang ing bumi | tinunggilkên kuburing wong kathah | dèn-atulus pamêndhême | ewa makatênipun | anggènnira amêndhêm jisim | anèng natar pomahan | tuwin joganipun | amêsthi manggih babaya | malah-malah rinampas sadarbèknèki | bangkene kinèn (m)buwang ||

638. Jisimira sami lawan wêrjit | pati siya-siya anggagawa | marang bilaining akèh | Kiyai kang puniku | datan têbih raosing ngèlmi | ingkang sampun kacupan | kadya ngajêng wau | marma kang samya narima | sarta lila ing driya marang ing ngèlmi | agal alusing sorah ||

639. Lir puniku guguyoning alim | karya lèlèjêm saruning sorah | wus maklum ngèlmu kabèhe | prèjènganing aluhung | datan ninang kajatyanèki | nadyan nistha èng§ Prayoginipun / ing /. sabda | utami tinêmu | lah duk sawiji ing tangat | ing manpangat mèngêti angaramati | marang bangsa agama ||

640. Ke Cariksutra mèsêm angliring | kagawokan surasaning nala | kacupan sakarêntêge | kalancanganing wuwus | asasmitèng Kulawiryèki | kang sinasmitan tanggap | ing naya apagut | gumuyu Ki Kulawirya | binayantu sadaya suka ing galih | kalêjaraning driya ||

641. Têrang jêrnihira binarêsih | dènnira sang Sèh Adi Nujêmba | lir kitri katranganing we | mangka kadrêsan jawuh | sêgêr ronnya ngudaya sêmi | kêmbang mèsi mardapa | enggal hyunnya tuwuh | tyase kang para ngulama | pendah ratri kadipan dening Hyang Rawi | kawulat sèsining-rat ||

--- 12 : 251 ---

642. Tuwin pra waela mulyan kapti | kadya mina katêlêngan tirta | jêmbar kalautan tyase | tan na sangsayèng kalbu | rasa kaidayating ngèlmi | minulyakakên dènta | kasuciyanipun | katarik katrakanira | padungkapaning tyas tan malangatèni | jalwèstri samadaya ||

643. Yata ing wanci kaluruk ratri | ratri poting palilah ijabah | (n)dungkape wêktu Subuhe | samya kinèn awulu | mring pahèran mèt toyastuti | sawusnya samya kadas | asêmbahyang Subuh | sira Sèh Adi Nujêmba | angimami ing asalat Subuh nênggih | andadèkakên niyat ||

644. Tan rêkasa ing karsa lêstari | parênging takbir wus tan kinarya | lir alun lan samodrane | toyane tan kawuwus | kawimbuhan jênêng jaladri | kaobaning sagara | kulatan rah makluk | slira Pangeran balaka | datan Sipate Asma Apêngalirèki |Lebih satu sukukata: datan sipat Asma Apêngalirèki. pon Maha Sukci juga ||

645. Kang mangkono salating ngaluwih | datan ngêngkoki datan apasrah | tan mokal lan Kalèk rêke | lir tan kêna dinunung | pacampuhing kawula Gusti | lir sastra kinakata | datan kasaliru | ranning sastra lan uninya | sadurunge ngunèkkên uni wus muni | anèng piyambakira ||

646. Ikram kasuciyaning Hyang Widdhi | tubadilira wajah istitah§ Prayoginipun / iptitah /. | mukramahe Patekahe | pasêkat kir'atipun | sakathahe datan kalêmpit | swaranya rum kajiman | tan na imbanipun | wawacane wus Patekah | apan surat Sujada awalirèki | rêkangat sinujudan ||

647. Wusing Patekah rêkangat akir | Surat Kasar§ = Al Kautsar. dêge Kinunutan§ = dipun-dongani Kunut. | gya tahyat akir tartibe | lan tumaninahipun | salam bakda laju pupuji | dikir purna anulya | donga limang wêktu | tawasul Asmakul-kusna§ = Asma'ul Husna. | wus paragat salawat salaman sami | warata sadayanya ||

--- 12 : 252 ---

648. Wangsul tata palungguhanèki | sang Sèh Adi Nujêmba ngandika | yèn parêng rêke ing mangke | singgih Kae ramèbu | kawula yun ngèskingèksi. kawingkis | jiyarah ring kanêngan | mupiting ngasamun | lan putranta Ni Waela | SalabrantaSelabranta. kang darbe siswa sasiki | panêngran Ragasmara ||

649. Paduka sami kantun basuki | andodonga kuwating ngibadah | ngutamèkkên pamujine | ingkang sukuring ngèlmu | atêpakur marang Hyang Widdhi | nuwun salamêt donya | myang akeratipun | tuwin Kae Adimuncar | Arsèngbudi Rundarsa Carik Sutrèki | miwah samadayanya ||

650. Samya anor jumurung turnya ris | singgih sumangga sakarsa tuwan | sang Adi Nujêmba ring rèh | sami anor tumungkul | nulya asung salamirèki | mangarsa mring kang rama | nulya sadaya wus | Jayèngrêsmi Jayèngraga | Ki Sèh Malangkarsa Sèh Mangunarsèki | lawan Sèh Anggungrimang ||

651. Samya nguswa ing pada ngabêkti | mring kang raka Sèh Adi Nujêmba | Sèh Mongraga lon dêlinge | marang ing garwanipun | Nikèn Tambangraras sirèki | lan siswa ngabêktiya | marang rama ibu | Ni Waela Selabranta | tur pranata mring rama Kiyai Bayi | ngaras êmbuning putra ||

652. Atur sêmbah ring ibu Malarsih | saha kinuswa lungayanira | gantya mring pra waêlane | pan asung salamipun | Ni Wilapa wadon Palangi | Rarasati Turida | Rancangkapti tan wun | samya nêmbah maring raka | nulya siswa Ragasmara atur bêkti | mring Ki Bayi Panurta ||

653. Miwah mring ibu Nikèn Malarsih | tumulya tur salaming sadaya | sawusnya kadyèka rêke | sang Sèh Adi Mongluhung | uluk salam sanalika nis | sagraha siswanira | wisatèng ngasamun | mursita ing palungguhan | sinauran ngalaekumu-salami | kang nis tan kaduluan ||

654. Wus mangkana wau kang alinggih | katilaring sang Adi Nujêmba | kamangunahan driyane | lir galinggang tinunu | mèntèr antèr antaranèki | mongah-mongah awangwa | marab

--- 12 : 253 ---

mawa urup | tan kocor tahên matarang | pra ngulama tyasnya kadi bisa ugi | anganjat kajatmikan ||

655. Turun sata mèh raina enjing | karukrukan sawung kaswabawa | atêtêgar ring natare | amèt cucukanipun | barung asri swaranya asri | jalak thilang kapodhang | cocak mrak manguwuh | nyangungong ngakak jag-jagan | tuwu hantu wantu nèng wrêksa gung inggil | kokolik guligikan ||

656. Kadya bantu pangènggaring galih | pra ngulama kang katranganing tyas | lir wastra binarsihake | tan na guguluhipun | pantên§ Prayoginipun / pantês /. lamun kangge tumuli | mangkana isthanira | myang srining kang dhukuh | karajaning Wanamarta | kadya agring ing mangkya antuk usadi | myang lya cêcêning(?) desa ||

657. Mabang kambanging tarunaAruna. mijil | ring pracima nitih (ng)granning arga | nirat sèsining rat kabèh | kitri katrangan nrawung | kakajêngan wuryaning rêsmi | tiris dênta myang pucang | ambabar mayang rum | lumrang sinranging sadpada | sari wêgar-wêgar kawêdharan dening | kaèngêl ing jarahan ||

658. Akêtêran kairiting angin | tiyunging pang pradapa ngalayang | adhodhor ronnira rongèh | lir milya suka sukur | kêkêjale kadya nganthuki | mring kang antuk sih sabda | -nirèng jalma luhung | pala gumantung ngungalwah | kadi-kadi atuduh raganya manis | supadi binuktiya ||

659. Yata wau kang samya alinggih | nèng panêpèn langgar pasimparan | Kae Bayi Panurtane | ngandika mring pra tamu | pênêt lunggyèng maring pandhapi | sadaya kang liningan | tan lêngganèng kayun | nulya mijil sing sasana | mring pandhapa atata dènnira linggih | pra waela ring wisma ||

660. Ngrukti pasugatèngirèng§ Prayoginipun / pasugatanirèng /. tami | wus samêkta samadayanira | anuduh pawong rowange | ingirit marang ngayun | santri Luci wadon Sumbaling | Malarsih praptèng ngarsa | Ni-nDaya

--- 12 : 254 ---

abikut | anata rampadanira | pasèmèkan sarwa angêt sadayèki | andhèr anèng ing ngarsa ||

661. Kae Bayi alon ngancarani | sumangga sami tuturuh asta | sasarapan sawontêne | kewala sami kêmbul | kasayahan anatas ratri | ingkang liningan agya | jalwèstri tuturuh | (n)dan lêkas sami anadhah | apakantuk dènnira sami abukti | sarwa ngêt (n)jing-enjingan ||

662. Wus antara nutug dangunèki | aluwaran dènnira anadhah | turuh asta sadayane | ambêng cinarik sampun | sinungakên santri pamburi | anadhah ting kucapah | wradin samya tuwuk | nulya dhadharan mangarsa | cinarakkên punika pangusap amis | adhahar mamangsêgan ||

663. Kang ingancaran samya angambil | nyanyamikan ing sasênêngira | myang pra waela anggape | wau ta para tamu | Adimuncar Ke Arsèngbudi | Rundarsa Cariksutra | myang Carikmudhèku | lan Kae Sèh Malangkarsa | lan Sèh Modang lan Ki Pariminta tuwin | Kae Sèh Mangunarsa ||

664. Sèh Gungrimang lan Kulawangsèki | Ki Piturun Palakartinira | paguting tyas sasmitane | kang samya ning asêmu | Kae Adimuncar ngling aris | kakang Kae Rundaya | yèn parênging kalbu | kawula yun papamitan | miwah para rinta sadayanirèki | minta madal pasilan ||

665. Mapan sampun kalampahan mangkin | kajat papanggya lawan paduka | kaidayat ing wulang rèh | sasurasaning ngèlmu | gêgeyongan sinungan dening | sang Sèh Adi Nujêmba | nampurnakkên kawruh | aprasasat kakang uga | kang asung rahmating tyas ing pandêling |Kurang satu suku kata: ingkang asung rahmating tyas ing pandêling. jalar pangguh paduka ||

666. Sagêd patêmyan lan jalma luwih | marang sang Sèh Otadi Mongraga | nujêmba gosul ngalame | gawe wruh sung pitutur | Kae Bayi nauri angling | singgih saking bagyanta | priyangga amangguh | wulang mangunahing driya | pan manira amung darmi anaidi | mugi pinarêngêna ||

--- 12 : 255 ---

667. Sru kacaryan ingkang para tami | (n)dan samapta pakartining lampah | Ki Bayi kèh pisungsunge | pan santri têlung puluh | kang mimikul sanguning margi | miwah pakintunira | gya budhal lumaku | warata (ng)gyan jawat-asta | sukèng driya wau kang arsa lumaris | nadyan ingkang tinilar ||

668. Pan wus laju kang arsa umulih | maring dhepokira sowang-sowang | tarlèn karantan driyane | anawung sukèng kalbu | ing samarga anggung dhinisik | cipta antuk nugraha | wahyuning Hyang Agung | kang lumantar sang Nujêmba | Amongraga mong kawêkasing panggusti | wus sampat paripurna ||

669. Tan winarna roroncèning margi | lalangêning marga têba-têba | kasongan ing tyas sukane | nanging datan winuwus | lampahira sang Amongbrangti | tan ana ngrasa sayah | sadaya kang laju | lêrême mung yèn asalat | lamun ratri sipêng satibaning margi | kawilut ararasan ||

670. Ngècèr laku ingkang wus aprapti | dhèpokira nênggih sowang-sowang | susugun maring tamune | tan inang lan ing dangu | enjangira laju lumaris | ingkang anglantun lampah | maring dunungipun | mangulon tujuning sêdya | saya suda lampahe kang arsa mulih | pamungkas Wanantaka ||

671. Pan pinugut wêdharing palupi | punang Sêrat Canthini karannya | wawêjangan pamungkase | mamardi marang kawruh | ing kajatèn jatining urip | wikanne rèh kahanan | ananing Maha Gung | sajati-jatining jalma | wus jinajah jêjêring janma majaji | kang jinurung ing sêja ||

672. Kadarpaning panggalih sang aji | kang jinumput wêjanganing kata | tinaliti saturute | têtelane tinutur | titi tatas tataning gati | sakwèhning kang kinata | wus samya ingimpun | ala ayuning pakaryan | kawruh miwah ngèlmuning kang lair batin | winêdhar mring pra mudha ||