Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 12 : 256 ---

709. Sinom

1. Wontên sujana taruna | midêr-midêr andêr-pati | nusa Jawa prênahira | sing tanah wus dèn-idêri | Balambangan Patani | ing Cêmpa Palembangipun | Surapringga Tandhêsan | ing Tuban miwah Kêdhiri | ing Koripan myang Giri ing Lêmbuasta ||

2. Jatiswara wastanira | janma ulah laku luwih | pandhita nèm tanpa wisma | wayahe satriya brangti | kalih sanak sang brangti | padha pandhita satuhu | tur dinunung dening Hyang | lagya kocap lampahnèki | anèng marga samadyaning wana-wasa ||

3. Têngah dalu lampahira | tan kandhêg ing marga sungil | tan ana durgama ketang | sangêt brangta ing Hyang Widdhi | marmane wuwuh brangti | dening sinungan swarèku | margane anglalana | nênggih wontên sanaknèki | Amongraga wastane ujaring swara ||

4. Sun-ulati tan kapanggya | kapan ta baya kapanggih | ingkang aran Amongraga | yata wau kang winarni | kang lumampah janma di | Mongraga lan garwanipun | tejanira sumirat | kalawan Ki Ragarêsmi | Jatiswara kampita narka gurnita ||

5. Jatiswara uluk-salam | Amongraga anauri | ngalèkum ngalèka salam | sinunga rahmating Widdhi | cundhuk sampun apanggih | jawat-tangan marga iku | miwah Ki Ragasmara | pan sampun atata linggih | Amongraga angucap sapa sinambat ||

6. Jatiswara aran-ingwang | sêdyaningsun angulati | sanakingsun Amongraga | ujare kang angsung warti | Amongraga nauri | sapa wèh wartèng sirèku | Jatiswara angucap | ujaring swara kang lêwih | kinasihan ing Hyang mèsêm Amongraga ||

7. Aris ing pamuwusira | lah ing pundi wismanèki | ingkang aran Amongraga | Jatiswara lingira ris | tan kantênan wismèki | midêr-midêr tanpa kuwu | gumuyu Amongraga | katambêtan sira bayi | iya ingsun ingkang aran Amongraga ||

8. Jatiswara aris mojar | kalingane tuwan iki | kang aran Ki Amongraga | sumaur ingkang sinung ling | duraka awak-mami |

--- 12 : 257 ---

lumaku mung ali§ Prayoginipun / ahli /. tutur | anglêngkara oliya | sihing Hyang kang praptèng jati | wong kasasar sun iki ambêg birawa ||

9. Wus atêmu lawan tuwan | lah paran karsanirèki | Ki Jatiswara lingira | punika lamun lastari | sêdya kawula amrih | sinampara ing Hyang Luhung | yèn kinasudènana | Amongraga anauri | tuhu daya ingakuwa kinasihan ||

10. Tan kawasa ing manira | angakuwa ing sirèki | pan iku uga larangan | sapa ngaku wong puniki | ing sarat kang lêstari | anging Hyang Wisesa iku | polahira punika | darma pinolah ing dhiri | Jatiswara angling atut yèn mangkana ||

11. Nanging pangêsthi-manira | yèn sambada karsanèki | ing tyas pandame tan samar | anut ujaring swarèki | yèn tuwan sanak-mami | nadyan tan arsa angaku | tan kondur ing kawula | Amongraga anauri | karsanira manira darma punapa ||

12. Lah ta araryan sa-saat | yèn arsa sanak ing mami | pan manira nêdha karsa | eca dènnya angrasani | paguyon lawan mami | nimpang wau dadinipun | sakêdhap wontên taman | pinggiring marga tulya sri | kagèt mulat Jatiswara kagawokan ||

13. Tirta midêr ing mandhapa | sêkar kapawanan milir | sumyar gandane angambar | Jatiswara lir angimpi | sampun sami alinggih | ing made-kambang (ng)gènnipun | Jatiswara lingira | Ki Amongraga asakti | Ragasmara linggih lan Ni Selabrangta ||

14. Jatiswara ngrasa kewran | mulat warnaning patani | iku tandhaning mangunah | ya ing mêngko karsa-mami | sun takon ujar jati | yèn uga mangke anêmu | tandhane wong utama | tuhu wus awor ing Widdhi | sun-atanya inggih sintên aran-tuwan ||

15. Ki Amongraga ling suka | nora wikan manirèki | pae silih wong ngulama | mudha-dama manirèki | Ragasmara tinari | janji manawa sira wruh | mojar Ki Ragasmara | manawi kakang-(m)bok iki | yèn wikanna mèsêm Nikèn Selabrangta ||

16. Ki Amongraga lingira | lah ta saurana yayi | lamun sira sampun wikan | Selabrangta matur inggih | tan lênggana ing laki | puniku

--- 12 : 258 ---

manira ngrungu | [...] |Kurang atu baris: 7a. aranning Hyang kang sêjati | janma kabèh punika manira myarsa ||

17. Jatiswara anggratta |Kurang satu suku kata: Jatiswara anggraita. wong iki wus padha wasis | katarèng sêmu basanya | alantip pasanging wadi | wacana sêmu sandi | bisa sastra-sandya iku | tandhaning yèn ulama | masalah tiba pawèstri | pan kèwêdan wacana lawan wanodya ||

18. Ki Amongraga angucap | lah ta saurana yayi | wacanane rabiningwang | aywa riringa yèn èstri | sampun ta salah tampi | mapan tan prabeda iku | bulah ingsun bisa-a | lah mara ta lah dèn-aglis | Jatiswara amuwus sarêng ing wuntat ||

710. Pangkur

1. Anging ta rêke manira | anêdha ta ing apuranirèki | karasa dede kramaku | Amongraga lingira | pindho-karya rêke karsanira iku | pra ilanging wong agama | ing karsa dipun lumaris ||

2. Balik paran karsanira | pan jawabe wong pawèstri puniki | atut rêke kang kadyèku | apa ta karannèkuGuru lagu seharusnya: 7a, apa ta karaneka. | ingaranan rêke kanugrahan iku | jatining manungsa ika | Selabrangta anauri ||

3. Punika manira myarsa | karane ingaran nugrahanèki | jênêng wawayangan iku | Jatiswara lingira | nênggih atut mangkana sabda puniku | Jatiswara malih ngucap | kadipundi karsanèki ||

4. Ana masalah mangkana | ing têgêse Sêlam§ = Islam. ta kadipundi | kadya punapa karsèku | têgêse kapir ika | lah ucapna têgêse ing karonipun | angucap sajroning nala | yèn uga jawab puniki ||

5. Nyata lêwih ing ngakathah | Selabrangta aris dènnira angling | nênggih manira angrungu | têgêse wong kang Sêlam§ = Islam. | pasthi kapir nênggih manira angrungu | têgêse kapir punika | Sêlam§ = Islam. ing kajatinèki ||§ Prayoginipun / sajatinèki /.

6. Amuwus Ki Jatiswara | kadipundi kang Islam lawan kapir | patitissêna ing wuwus | Selabrangta angucap | pamyarsèngsun nênggih Sêlam-e§ = Islam. puniku | dene wus atêmu ika | ênggèn

--- 12 : 259 ---

manira amanggih ||

7. Kapiripun dening kèpyan | lali lamun tan ana kang kaèsthi | dene sihira Hyang Agung | kawimbuhaning Sukma | upamane lir malam kabrama ngapyu | sirna tan ana ingucap | Jatiswara takèn malih ||

8. Apa aranne manungsa | yèn ailang ing ngêndi parannèki | Selabrangta sauripun | nênggih rêke ilangnya | anèng kanugrahan kang purba puniku | jênênge yèn wawayangan | dadya sira ing Dat iki ||

9. Mulih ing jatine ika | ana-dene ênggone ta puniki | sapa wruha ing jronipun | tunggale dhawakira | nora ana ingkang wêruha puniku | wikanning pribadinira | tan ana kang ngudanèni ||

10. Prandene kang sampun nyata | mung lampahe tan kandhêg papan-tulis | tan ketang tatakramèku | Jatiswara (ng)graita | mandhane Ki Amongraga puniku |Kurang satu suku kata: mandhane Ki Sèh Amongraga puniku. rabine kalangkung lêpas | lan sakèhe anglampahi ||

11. Kang alul§ Prayoginipin / ahlul /. surambi ika | iya nyata yèn kasor Amongragi | lami ingsun dèrèng nêmu | manungsa kang mangkana | nyata lamun kinasihan ing Hyang Agung | Ni Selabrangta angucap | manira tatanya aki ||

12. Ana masalah mangkana | karya-paran têgêse ingkang napi | lan punapa têgêsipun | kang ingaran isêbat | kaya-paran puniku ing têgêsipun | jawabên dèn-tetela |§ Kirang sawanda, prayoginipun / dipun tetela /. Jatiswara lingnya manis ||

711. Dhandhanggula

1. Nênggih rêke ing têgêse napi | nyata iku rêke lamun isbat | kang isbat napi jatine | iku manira ngrungu | ing têgêse rêke kang napi | mèsêm Ni Selabrangta | kaya pa puniku | lah ta rêke padhangêna | Jatiswara mangke sira anauri | manira amiyarsa ||

2. Ingkang napi anênggih puniki | sajatine ananing paesan | kang isbat tunggal jatine | nora liyan puniku | ing anane isbat puniki |

--- 12 : 260 ---

napi mapan mangkana | manira angrungu | singa tanpa wuwus ika | kang atanggap sajati-jatining napi | tan kêna ucapêna ||

3. Selabrangta alon muwus aris | asung cipta marang ingkang raka | manira sampun asèrèn | Amongraga amuwus | Ragasmara alon tinari | yayi lah atampa-a | kakangira iku | manira darmi miyarsa | Ragasmara wau alon anauri | kakang manira nêdha ||

4. Ragasmara alon atanya ris | masalahe rêke pan larangan | pan angèl ing masalahe | Jatiswara tinêmbung | kaya ngapa karsanirèki | wontên rêke pawarta | manira angrungu | sapa baya biyangira | pira kèhe wong atuwa kang sajati | lah rêke ucapêna ||

5. Jatiswara alon anauri | lah inggih rêke wong-tuwaningwang | tigang prakara kathahe | yèn ingkang lair iku | amêtokkên ing raga iki | [...] |Kurang satu baris: 7a. [...] |Kurang satu baris: 6u. [...] |Kurang satu baris: 8a. yayi puniku ingkang sajatiKurang dua suku kata: 12 i. iku wijiling Sukma ||

6. Wontên rêke sasmitaning wangsit | sira ingsun anaking camêra | putuning asu wartane | iku ingsun angrungu | kabèh-kabèh anaking anjing | mèsêm Ki Amongraga | Ragasmara muwus | sampun ta sampun dinawa | Amongraga gumuyu pan sarya angling | anaking asu bêlang ||

7. Margane ana sira puniki | dening asu rêke marganira | Ki Jatiswara wuwuse | anut ujar puniku | sang Atapa sêmune wadi | jatining lampahira | mapan janma luhung | anglir ta landhêping pêdhang | kang atapa jatining alim puniki | yogya pagurokêna ||

8. Singa maca lalandhêp puniku | dipun-kêna rêke rasanira | yèn luput dadi sasare | angèl ujar puniku | nora nana ing papan-tulis | iku bêgja cilaka | pamarah-sun iku | dudu ngèlmuning sarengat | Jatiswara yata sigra anauri | Amongraga tinêmbang ||

9. Manira iki takèn sajati | lan anêdha rêke sih pawarta | wontêna ngucap mangkene | apa nyatane iku | yèn andika anaking anjing | lamun nyata punika | êndi nyatanipun | Ki Amongraga angucap | dening apa yèn ora nyata puniki | Jatiswara sru mojar ||

10. Apa karane kantun puniki | lamun nyata anaking camêra | Ki Amongraga wuwuse | apa kang katon iku | dudu iku anaking anjing | pan kurungan kewala | anane puniku | yèn sira ayun

--- 12 : 261 ---

mangkana | ulatana sajatining asu iki | lah payo tututana ||

11. Payo-payo rewang-ingsun iki | aja kari ayo padha ilang | umuksa tambuh paranne | Jatiswara umangu | (n)jêngêr mangu tan kêna angling | nyata yèn raga-Suksma | anane dinulur | Ki Jatiswara angucap | kari apa yèn olèh Hyang Suksma-jati | Jatiswara wus ilang ||

12. Amongraga mangkana winarni | angalaya anèng awang-awang | amor ing mega prênahe | Jatiswara tan kantun | lah ing pundi ênggènnirèki | ana layang-layangan | awor mêndhung-mêndhung | kang mêndhung mêndhunging Sukma | gêbyar-gêbyar tejaning manungsa adi | awor padhanging wulan ||

13. Amongraga mèsêm aningali | pan alinggih saluhuring mega | lan rabine sarowange | Jatiswara pan wêruh | ing prênahe Amongragèki | tumulya pinaranan | Amongraga muwus | asêkti Ki Jatiswara | nulya prapta ing ngarsa padha wong sêkti | mèsêm Ki Jatiswara ||

14. Ki Jatiswara anulya angling | lah ta payo ingsun ulatana | wus ilang saking ngarsane | Amongraga tumutur | parêng ilang sarewangnèki | Jatiswara nèng guwa | tejane sumunu | Ki Amongraga wus wikan | nulya prapta ing ngarsa sami alinggih | lah apa ujarira ||

15. Jatiswara angling jroning galih | iya nyata sêkti Amongraga | tan ana ing papadhane | anging ta karsanipun | sumawita dadya prajurit | mangke sun dadi toya | yèn uga sirèku | wikan maring raganingwang | nyata lêwih dudu rewanging ajurit | mundur dadi sagara ||

712. Durma

1. Amongraga sampun wruh ing polahira | mring Jatiswara singgih | yèn dadi sagara | Amongraga anyipta | kang palwa sakêdhap nuli | sarewangira | anitih palwa sami ||

--- 12 : 262 ---

2. Padha suka manahe lir acangkrama | Ragasmara pan tunggil | lan Ni Selabrangta | padha kagèt duk kapan | ana sagara puniki | Ki Jatiswara | gawok dènnya ningali ||

3. Padha suka duk apa ana baita | tau ta ingsun iki | ana ing sagara | Jatiswara kèwêdan | dènirarsa tandhing jurit | Ki Amongraga | sun sidhêp mundur ajrih ||

4. Amongraga tansah mèsêm jroning nala | tumon polahirèki | Amongraga mojar | lah mara Jatiswara | têkakna karsanirèki | dènnira yuda | payo aja na gingsir ||

5. Amongraga susumbar mring Jatiswara | dèn-yatna yudanèki | lah ta Jatiswara | Amongraga anyipta | gêni saking sarirèki | anulya muntab | dahana ngingsêp warih ||

6. Mubal-mubal anèng saluhuring toya | ing ngêndi ana iki | gêni ngingsêp toya | tandhaning wong kuwasa | ambadan Sukma linuwih | Ki Jatiswara | sangsaya ingkang ati ||

7. Sanalika sagara anuli saatasat. | Jatiswara karsèki | nyipta dadi barat | Amongraga pinanah | pinrih ilanga tumuli | Ki Amongraga | wus wikan karsanèki ||

8. Sanalika ana gunung ngarsanira | Amongraga yitnèki | wus anèng ing guwa | wong titiga punikuGuru lagu seharusnya: 7a; wong titiga punika. | sami suka aningali | Ki Jatiswara | kewuhan ing ngajurit ||

9. Jatiswara anêdha ing tapanira | sanalika kang prapti | naga gêng kang prapta | punika mangsa Sukma | gêngipun kagiri-giri | Ki Jatiswara | dinulur ing Hyang Widdhi ||

10. Tan antara kang naga prapta ing ngarsa | Amongraga wus uning | karêpe kang naga | lamun arsa amangsa | tumulya Amongraga glis | anèng gagana | kang naga dèn-anciki ||

11. Tanpa polah sanalika nulya ilang | Amongraga sira glis | anèng gigirira | Jatiswara kèwêdan | kapupugan karsanèki | Ki Amongraga | sêktine tanpa tandhing ||

12. Lah kariya Ki Amongraga ing guwa | Jatiswara anuli | muksa saking guwa | sapraptanirèng jaba | ngambarèng jumantara di |

--- 12 : 263 ---

ngalaya mulya | tan na sinêdyèng galih ||

13. Amongraga sampun mêdal saking guwa | Jatiswara tan kèksi | mapan kinawruhan | nêngêna Amongraga | kari brangti ing Hyang Widdhi | tan kawarna-a | kang antuk rasa manis ||

713. Dhandhanggula

1. Wontên malih masakèh winarni | alul§ Prayoginipun / ahlul /. sastra amangun sahadat | ing Wanacandra dhukuhe | kalangkung ngamalipun | wong alinggih alul§ Prayoginipun / ahlul /. surambi | kinêpung sinaroja | dening sabatipun | amupugi wong kasiyan | bagus anom jatmika asih ing santri | lumaku lawan kondhang ||

2. Lampahing dana lir toya mili | awèh sandhang rêke ingwong. kawudan | asung pangan wong kaluwèn | tur ambêg santa sadu | tan agingsir ing alamnèki | nora anggunggung lampah | tan anggunggung ngèlmu | lakune tansah sinamar | dèn-srahakên lakune nyata yèn napi | yèku lampah utama ||

3. Isêlamira dipun-alingi | mung kapire dèn-abèrkên ngarsa | dèn-jèrèng nistha damane | ala lan miskinipun | cêla ingkang dèn-lampahi |Kurang satu suku kata: cêla ingkang dipun-lampahi. sabar rila sukuran | alinggih ing ngayun | datan angrasa gagadhah | sakathahe nyata kagungane Widdhi | rumasa yèn titipan ||

4. Iku lampah ambathang namèki | tan angrasa yèn aduwe karkat | anunggoni ing ngamale | tan gingsir ulah ngèlmu | Insan-kamil kang dèn-lalari | masjidira anganggrang | balumbangira gung | kèdêran ing sarwa sêkar | babanjaran argulo pêthak mêlathi | gambir mênur angsoka ||

5. Santrinira akèh padha ngaji | agêng alit umyang kang tilawat | lir pasar lagya nêdhênge | wênèh amaca Suluk | kang asahir kang gênti muni | wênèh ana narêbang | ana turun guyu | ana kang amaca Kitab | rêbut akal ambuka rasaning tulis | rame musawaratan ||

--- 12 : 264 ---

6. Gumêr swarane wong kathah ngaji | papantêse wong alul§ Prayoginipun / ahlul /. sarengat | angêsahakên rapale | ana arêbut hukum | manjing mêdal saking surambi | tur padha (ng)gawa Kitab | maring gurunipun | aminta rasaning makna | rare akèh amasuh sabak mring kali | ana lagi nunurat ||

7. Rara ngangsu rame ting saliring | tuwa anom parawan wulanjar | kang ngangsu akèh warnane | miyos ing masjid iku | saking kali pating suliri | wênèh ana nênangga | awêdhak apupur | sawênèh anguncang tingal | gêlung kêmbang ki santri dèn-kêndhèrèki | tur sami anjêjawat ||

8. Santri kathah ika padha angling | ingkang gumuyu asuka-suka | padha wikan ing sêmune | Jatiswara winuwus | lagya prapta jabaning masjid | arsa atatakona | ika karsanipun | katuju ana wong mêdal | Ki Marêbot karsanira maring kali | jinabat (ng)gawa landha ||

9. Dènnya lumaku tumungkul ririh | nora wikan yèn ana dhatêngan | angling ing wawayangane | Jatiswara amuwus | Ki Marêbot kagèt ningali | kakêtêgira sumyar | dènnya nyapa asru | dènning nora asabawa | nora wikan ing suba-sita wong iki | mèsêm Ki Jatiswara ||

10. Lah anêdha paman apurèki | dipun agung paman martanira | luput manira agêdhe | sun singgih wikan mring sun | kalingane tan angranuhi | Ki Marêbot angucap | ulate arêngu | tur sarwi mengo angiwa | karsanira lêstari marang ing kali | Jatiswara lingira ||

11. Lah ing pundi wastane puniki | kya pa manira atanya |Kurang dua suku kata: kyai paman manira atanya. dèn-agung pangapurane | bênêr têkèng sirèku | Ki Marêbot yata nauri | nênggih ing Wanacandra | wastane puniku | tuwan ing pundi kang wisma | Jatiswara yata sira anauri | wong midêr anglalana ||

12. Tanpa wisma manira puniki | midêr-midêr saparan amoyang | arsa taki-taki rêke | marang kang sampun junun | lamun ana

--- 12 : 265 ---

kang sudi misik | marang wong suwe ara | kasiyan talimbrung | wingi ingsun amiyarsa | nênggih kene wartane ana wong ngarip | manira yun uninga ||

13. Ki Marêbot aris anauri | kalingane arsa puruita | marang kijaikukiyaiku. kene | lah anêdha tumanduk | maring masjid bilih kiyai | pinarak sun-awarta | mring kiyai guru | lan anêdha tut-wurinya | Jatiswara yata sira anauri | paman manira nêdha ||

14. Ki Marêbot age-age mulih | nênggih rêke matur gurunira | agya prapta ing wismane | asung wruh gustinipun | yèn dhatêngan wong anom pêkik | guru lagya anendra | nyaine sumaur | paran karyanira baya | age-age têka mamarasi ati | lah ta apopoyana ||

15. Ki Marêbot anauri aris | nênggih rêke manira dhatêngan | kiyai tinakèkake | anjujug karsanipun | bagus anom brangti ing Widdhi | nyainipun angucap | sêmbrana sirèku | kiyai lagya anendra | kang aguling alon dènnira alinggih | pupungun sarya ngucap ||

16. Sèh Ragamana wus angawruhi | lamun sira rêke adhatêngan | katon ing jro supênane | Ragamana amuwus | lah undangên kaki mariki | ujarira dhatêngan | mau sun-angrungu | rabine mèsêm ing nala | Ki Marêbot gupuh mêdal angaturi | marang ingkang dhatêngan ||

17. Ingulatan kapanggih ing masjid | Jatiswara rinubung wong kathah | padha kanyaran tingale | santri padha sih lulut | aningali marang sang brangti | padha amojakrama§ Prayoginipun / ambojakrama /. | akathah kang ujung | Ki Marêbot nulya prapta | ris umojar Jatiswara dèn-aturi | pinarêka ing wisma ||

18. Yata tumurun saking ing masjid | nulya kèring§ Prayoginipun / kèrid /. wau marang wisma | dupi manjing ing wismane | Ragamana amuwus | saking panti tur anuruni | lah rêke tumanduka | dèn-enggal puniku | sampun agêlar kalasa | Jatiswara alon dènnira alinggih | gya winijilan sabda ||

--- 12 : 266 ---

714. Mijil

1. Lah bageya ingkang lagi prapti | saking pundi kang wong | ing ngarsa paran sêdyane mangke | Jatiswara anauri aris | tanpa wisma mami | sêdya mring sirèku ||

2. Ki Ragamana amuwus aris | punapa kang gatos | arsa panggih lan manira mangke | Jatiswara alon wacana ris | karan ingsun ugi | panggih mring sirèku ||

3. Dene tuwan kasusra ulami | akathah kang wartos | dèn karana amurah ambêke | mapan kadunungan ngèlmu luwih | upama wak-mami | atut angguguru ||

4. Ki Ragamana alon nabda aris |Lebih satu suku kata: Ki Ragamana alon nabda ris. yata awak-ingong | pan dèn-sidhêp ngèlmuningsun kabèh | Ragamana anguwuh ing rabi | lah mundhuta nini | pamucangan gupuh ||

5. Rabinira sumaur agipih | wus kèsthi dèningong | sigra asung pawohanira ge | wadhahira bokor kancana di | sakêdhap gya prapti | munggèng ngarsanipun ||

6. Jatiswara nulya dèn-carani | mucanga sang anom | sampunnya mucang alon dêlinge | Ragamana maring rabinèki | ujare pan sami | balakan satuhu ||

7. Lah saosa sêkul dipun-aglis | sasajiya gupuh | rèhning wong lagya dhatêngan mangke | adoh sangkane dhatêngan iki | sadarbene§ Prayoginipun / sadarbèke /. miskin | susuguha gupuh ||

8. Jatiswara pan sampun atampi | wiraos mangkono | mapan manira anêdha rêke | pan larangan ujar kang puniki | kinasihan Widdhi | pilih jatinipun ||

9. Ing laku punika sun-miyarsi | nèng dunyèku yêktos | apan ta dadi susukêr bae | alon mèsêm Ki Ragamana ris | kang tinêdhèng Widdhi | nutug siyang dalu ||

10. Têkakêna ing duraka sami | iku jatiningong | pan ta dene yèn ipèn padhane | Jatiswara alon wacana ris | lah ta kadipundi | ing karsanirèku ||

11. Dening anêdha duraka yêkti | pan kaya pa uwong | Ki Ragamana alon èsême | Ragamana tan wikan sêmuning | marang ing

--- 12 : 267 ---

Hyang Widdhi | kèwuhan ing laku ||

12. Ragamana yata sira angling | undhangana gupoh | para marbot ingkang kinon age | undhangana anak-anak-mami | mumpung wontên tami | tur asugih ngèlmu ||

13. Aja tungkul alul§ Prayoginipun / ahlul /. sastra ugi | tan wruh wêkasing wong | aja katungkul sêmbahyang bae | Ki Marêbot wus linggar tumuli | lan kaumirèki | angundhangi gupuh ||

14. Jatiswara wuwus§ Prayoginipun / muwus /. sêmu wadi | kadipundi ingong | apan (n)jajaluk duraka bae | ing jatinipun ta kadipundi | Ragamana angling | wus anèng sirèku ||

15. Aja ana kang tinahan ugi | jêbèng anak ingong | apan sampun anèng sira dhewe | Jatiswara alon dènnira ngling | paman nêdha ugi | pamulangirèku ||

16. Mapan wontên pan ujaring Dalil | pilih-pilih uwong | ingkang awas maring Pangeranne | mapan gêdhe dosaniku§ Prayoginipun / dosanèku /. ugi | iku sun-miyarsi | Jatiswara muwus ||

17. Atut paman yèn mangkana ugi | pamiyarsaningong | Ragamana nambungi sabdane | yata wus wikan sêmuning wadi | Ki Jatiswarèki | alon èsêmipun ||

18. Kaumira kabèh padha prapti | Ragama-nabda lon | pan ta padha kukulaka kene | awarta-a ing laku ta ugi | mumpung ana iki | ingkang sampun luhung ||

19. Mundhak kathaha kawruhirèki | ngalapana gupoh | ing sapangat pan mundhak kawruhe | sumadinah(?) bapa ingsun iki | maksih kurang ugi | ing kawruhirèku ||

20. Datan wikan ing jatine ugi | sabat matur gupoh | lah ta nêdha manira jatine | pinarênga mundhak kawruhnèki | mugi ingsun ugi | dèn-idhêpna kawruh ||

21. Jatiswara anauri aris | têmên panêdhèng-ngong | anggêguru sajatine mangke | karane jêbèng tingkah puniki | kongsi awak-mami | tumêkèng sapurug ||

--- 12 : 268 ---

22. Dening utama laku anênggih | singgih pilih uwong | ingkang purun narajang kunthunge | amêgata balabar sirèki | dadya ibu ugi | tan sinungan wêruh ||

23. Apan katungkul angolah tulis | kang dèn-atos-atos | mung Kitabe tiningalan bae | tanpa gawe nyêkêl Kitab ugi | Jatiswara angling | èsême lir madu ||

715. Dhandhanggula

1. Jatiswara wuwuse amanis | kadipundi karsa pakênira | laku ingkang sajatine | dadine laku iku | lawan paran dadine iki | nora kalawan sastra | kang jati puniku | yèn nora lawan sêmbahyang | kadipundi Ki Ragamana nauri | dadi lawan duraka ||

2. Upamane kang sarengat iku | kadyangga-ning wong ulah sasawah | anggaru maluku rêke | karya lèlèrannipun | yèn wus dadi tumrap kang wiji | wiji pan saking ing Hyang | ngèlmu arannipun | mangkana dèn-tandurana | yèn wus dadi lèlèrannipun sajati | mangka dèn-banyonana ||

3. Ingkang pundi rêke banyunèki | ingkang toya ta rêke punika | pangucaping wiji rêke | Ragamana amuwus | dipun-nyata ing rèhirèki | iku minangka toya | ngèlmining Hyang iku | kalawan asangu aran | sampun kandhêg ing sêmbah kalawan puji | yèn ayun wruhing paran ||

4. Yèn pinuwung sarengat puniki | ingaranan rêke maksih bakal | dèrèng wikan ing jatine | nyatane maksih bingung | ing nyatane tan wruh ing jati | dening amisih bakal | sangsaya kalurung | misih kandhêg tatakrama | pasthi gampang yèn kinarya papan-tulis | manira amiyarsa ||

5. Upamane ing laku puniki | yèn katêkan kadi amimitra | sarta lawan jarumane | mapan jaruman iku | yèn tininggal kathah ngirèni | dhingin kalawan sastra | pan ping kalihipun | jaruman kalawan badan | ping tigane jaruman Eroh puniki | iku dadining lampah ||

--- 12 : 269 ---

6. Jatiswara alon anauri | kasinggihan karsa-pêkênira | sambada lawan têgêse | angèl ujar puniku | lamun dudu jarumanèki | iku marga sampurna | kanugrahan kawruh | wontên kari jakat badan | pira-pira larane dènnya nglampahi | coba lawan bancana ||

7. Kang duraka ta kadi punapi | kang ingaran lampah kang sampurna | punapa rêke têgêse | Ragamana amuwus | nênggih rêke manira manggih | iku mulane awas | ananing Hyang Agung | sawuse kêna ing coba | iya iku mulane duraka jati | manira amiyarsa ||

8. Apan wontên ing ujaring Dalil | anukupi coba lan rêncana | damare wong Arab rêke | iku manira ngrungu | Jatiswara alon nauri | nyata lamun mangkana | ing wuwus puniku | sabate padha angucap | kadipundi jatining warta puniku | manira mas tan wikan ||

716. Maskumambang

1. Nênggih wontên anake wadon sawiji | dene wastanira | Ni Sakati yu linuwih | ayu anom dèrèng krama ||

2. Pan akathah wong anglamar samya bali | mring Ni Sakati ka | nèng têpas dènnira linggih | lan arinira satunggal ||

3. Tansah tinurunan arinira mangkin | ngarsaning ibunya | ing nguni bêngi sun-ngipi | aturu lawan wong lanang ||

4. Anging biyang sampun ngandika baribin | manawi amirsa | mring rama pasthi sun isin | ibunira aris mojar ||

5. Bokmanawa têmên ipèn iku ugi | lan sun-pajarana | dèn-tetela kang sayêkti | tan adoh lan jatinira ||

6. Ni Sakati alon tutur ipènnèki | biyang wong punika | kang katon jro supênèki | patute mèmpêr si rama ||

7. Jatiswara punika wastane singgih | kang katon jroning tyas | lawan Ki Jatiswarèki | katon sumandhing anendra ||

8. Malah mangkin biyang masih dadi ati | tansah awèh rimang | Ki Jatiswara wong sigit | katon sapari-polahnya ||

--- 12 : 270 ---

9. Ibunira gumuyu pan sarya angling | anakingsun baya | mandah wêruha sayêkti | dening brangta ing supêna ||

10. Ni Sakati ibunira dèn-jiwiti | biyang atiningwang | bungahe kapati-pati | pinuliran lambenira ||

11. Ibunira gumuyu pan sarya angling | anakingsun sira | apan sêdhêng wus birai | Ni Sakati nulya mêdal ||

12. Saking wisma ulate asawang sasi | asêngkang kancana | sisinom mijil awilis | remanira ngandhan-andhan ||

13. Pan ing wayah sirêping janma pra sami | lanang wadon samya | sirêp kabèh samya guling | Ni Sakati mudhun enggal ||

14. Panggonanne Jatiswara dèn-paranni | tan ketang ing wirang | têka sumandhing alinggih | pan sarwi atur pawohan ||

15. Lah nginanga kakang-êmas jatining sih | ingsun (ng)gantènana | mara iki kadipundi | atiningsun cipta-cipta ||

16. Mung andika kang katon jroning kang galih | paran wisayanya | wikan maring awak-mami | warassêna dèn-waluya ||

17. Mara iki lara têka ing sirèki | angling Jatiswara | amicorèng jroning galih | raganingsun duk agêsang ||

18. Pan akathah bêncana saindêngnèki | anulya angundang | lah Cili lunga-a yayi | kang rinêksa§ Prayoginipun / rinêksa-a /. ing bancana ||

19. Iku mapan dadi bênduning Hyang Widdhi | agawe cilaka | wus mantuka kusuma di | dèn-wikan ing èstrinira ||

20. Iya kakang karsanira angaranni | mangsa ta dèdèya | têka ing karsanirèki | ingsun iki wêlasana ||

21. Ing sakarsanira ingsun tan amulih | lah suwawi kakang | umantuk ing wisma aglis | sampun dangu anèng (n)jaba ||

22. Manawi kauningan mring rama mangkin | suwawi mring wisma | tan purun kesah ing§ Prayoginipun / sing /. ngriki | siyang ratri tan suminggah ||

23. Jatiswara nauri sabdanira ris | kèmêngan ing driya | lah ta Cili

--- 12 : 271 ---

ari-mami | kusuma yu pagulingan ||

24. Gya kinanthi Ni Sakati lon lumaris | wus prapta ing wisma | anjujug ing jinêm-wangi | tan adangu tangkêp gubah ||

25. Ni Sakati manahe bungah kapati | têka pyuh ujarnya | kakunge tansah dèn-jawil | dèn-parêk kakang alênggah ||

26. Anglanggati Ki Jatiswara mrêpêki | alênggah ajajar | ingaras-aras arungih | sarya ngayuh payudara ||

27. Tansah dèn-rarêpa anèng tilam-sari | sawusnya mangkana | mèh raina wayahnèki | apan wayah tabuh tiga ||

28. Alon wungu wau ta ingkang karon-sih | marang ing patirtan | kêtêmu arsa susuci | karsanira pan sêmbahyang ||

29. Wusnya bakda samya linggih ing surambi | alon Jatiswara | karsanira arsa pamit | marang ing Ki Ragamana ||

30. Ragamana gupuh-gupuh dènnira-ngling | lanlah. babo nak-ingwang | aja lunga têka ngriki | têka wisma-a nèng kamal ||

717. Sinom

1. Manira arsa mit kesah | Ki Ragamana mangkya angling |Lebih satu suku kata: Ki Ragamana mangkya ngling. adhuh nyawa anak-ingwang | punapa karsanirèki | ayun dhatêng ing pundi | sampun kesah anak-ingsun | asru pangampahira | gilang pasir kari sêpi | dalêmira asamun sêpi asunya ||

2. Yyan sira ta mangkoa |Kurang satu suku kata: Yyan sira ta mangkonoa. supaya manira iki | dadosa anak-manira | lêng-lêng sakèh wong ing ngriki | nêhêr kang sida brangti | sampun lèngsèr dènnya lungguh | lumaris lampahira | katiwang-tiwang samargi | wus alêpas tan kandhêg ing lampahira ||

3. Lumampah sarya lon-lonan | dening marga limut wêrit | tan etang ing wana pringga | dening lampus manahnèki | sira subrangtèng Widdhi | birai marang Hyang Agung | rêna satitahing Hyang | warnanên kang kari agring | Ni Sakati kalawan Ki Ragamana ||

--- 12 : 272 ---

4. Ênêngna kang anggung brangta | Jatiswara kang winarni | kang lagya antuk nugraha | lampahe tansah ing wukir | tan arèrèn ing margi | raina wêngi lumaku | kandhêg§ Prayoginipun / mandhêg /. mangu ing marga | sumêngka lampahirèki | pan sadina lampahe datan araryan ||

5. Wus lêpas ing lampahira | narajang parang asungil | anut ing têpining arga | wus tumurun sing marga writ | sampun ngungkang jaladri | asri wau kang kadulu | lampah kalunta-lunta | prapta têpining jaladri | apan wontên dhukuh asri katingalan ||

6. De kang darbeya samodra | Kyai Sèh Baka anênggih | panggènanne anèng guwa | punika tansah prihatin | tan mangan tan aguling | nèng guwa têpining ranu | warna tan kadi janma | singa myarsa§ Prayoginipun / mirsa /. sami wingwrin | ing padhukuhane Kiyai Sèh Baka ||

7. Pilih ta ingkang uninga | maring Ki Sèh Baka lêwih | singa kang arsa uninga | pan tapa puniku dhingin | yèn tan atapa ugi | pilih uwong kang awêruh | yata Kiyai Baka | wus ngawruhi polahnèki | maring wau saosiking Jatiswara ||

8. Tan ana samaraneya | sira Ki Jatiswarèki | umure pan satus warsa | datan abukti aguling | mung patra kang binukti | sajêge umur puniku | iku tan mawa brama | têmên tahan lampahnèki | têmên tahan puniku lampah utama ||

9. Yata sira Jatiswara | apan maksih anglumaris | wau ta ing sêdyanira | arsa ngampir-ampir margi | anulya alêstari | umampir mandhêg ing pintu | yata wontên wijilan | puniku amêgat warih | sitinira alêbak parang pancuran ||

10. Kumrusuk swaraning toya | panggènanne langkung asri | kacaryan Ki Jatiswara | Ki Sèh Baka mulat aris | yèn wontên tamu prapti | bagus anom warnanipun | dangu datan sinapa | alon Ki Jatiswarèki | Ki sèh Baka alon dènnya (ng)gula-drawa ||

--- 12 : 273 ---

718. Dhandhanggula

1. Anêmbrama ing tamunirèki | lah ta jêbèng sira lumajuwa | padha-a linggih ing kene | Jatiswara mituhu | lan anêdha marang Kiyai | Ki Sèh Baka madhapa | dènnira alungguh | punapa lanang sinêdya | lan ing pundi sasana ingkang kawuri | Jatiswara angucap ||

2. Jatiswara lingira amanis | tanpa wisma Kiyai manira | wong amoyang tanpa ênggon | tan wontên kang jinujug | wong kasiyan manira iki | aran Ki Jatiswara | saênggèn adunung | angucap Kae Sèh Baka | tan prabeda lanang lan manira iki | atut lan sabdanira ||

3. Ki Sèh Baka alon muwus aris | Jatiswara babo anak-ingwang | yèn sira arsa ing mangke | pawong sanak lan ingsun | mindha ina tuna ing budi | pun bapa atatanya | ing karsanirèku | punapa kang dera sêdya | anglalana amatèkkên raganèki | Jatiswara angucap ||

4. Anampani ing sêmunirèki | ing rarasannira Ki Sèh Baka | manira anêdha rêke | sabda tuwan puniku | kang sun-têdha raina wêngi | êndi ta coba tuwan | Ki Sèh Baka muwus | Ki Lanang sun-têdha sira | lamun sira atakon cobaning Widdhi | malêbuwa jro guwa ||

5. Ing jro guwa samarre kapati | pilih-pilih lanang kang wikanna | pan ana sosotya rêke | tan sirna yèn sira wruh | lah pundhutên gawanên mijil | Jatiswara angucap | lah anêdha tèngsun | ing pundi marganing guwa | Ki Sèh Baka amuwus wacana manis | lah bapa mareneya ||

6. Ki Sèk Baka yata muwus aris | lah ta iku margane kang guwa | lawang mênga minêb dhewe | pilih-pilih kang wêruh | bangkit têmên kang anginêbi | iku ta kawruhana | dèn-awas andulu | ing guwa kang katingalan | gêbyar-gêbyar gêbyare awor lan thathit | sigra malêbu guwa ||

7. Têkèng guwa wijil kang kariyin | nulya pindho wijil kaping tiga | prapta tundha kaping pate | têkèng wijil ping pitu | aningali

--- 12 : 274 ---

padhang nêlahi | ana mancur katingal | Jatiswara mangu | apikir ing nalanira | anênêdha ing Sukmanira kang asih | ing dunya ing akerat ||

8. Jatiswara asru pikirnèki | ingkang cahya wau sampun ilang | guwa padhang pêtêng manèh | yata sru manahipun | Jatiswara limput ing ati | dhuh katuwone ingwang | nalanira kanyut | karasa-rasa tan pêgat | saya asru ragane pinrih ngêmasi | yèn jinurung ing karsa ||

9. Wus jinurung ing karsaning Widdhi | Jatiswara praptèng wijil sanga | sotya kapanggih ing rêke | ana linggih pitêkur | Jatiswara dèn-pitambuhi | dening sosotya mulya | kewran manahipun | KIKi. Jatiswara angucap | ing ciptane punika osiking ati | mèsêm sosotya mulya ||

10. Jatiswara anggraitèng ati | paran marma ika angucapa | ingsun asaloka rêke | ing jro guwa puniku | paran baya isine ugi | lan pira warnanira | yèn tan wruha iku | kudu-kudu anèng guwa | yèn wêruha ing raga rêke puniki | iya guwa sampurna ||

11. Ingsun iki midêr andêr-pati | durung wikan bakaning sarira | sajatining jati rêke | baka-baka puniku | ingkang baka ta kadipundi | ingkang baka punika | Ki Sèh Baka iku | sajati jatining baka | durung jati yèn tan wruha rupanèki | lamat dèrèng sampurna ||

12. Anèng guwa sirnaning anêpis | pispi ênêng ênênge kewala | tur ta dèrèng wruh jatine | êndi ramon(?) puniku | ing atapa prapta sirèki | ing êndi pispi-nèka | ing guwa puniku | yèn sêpi durung sampurna | ingkang prapta yèn rame agêlis iki | ujare kang anggula ||

13. Pan cinatur lampahirèng nguni | Jatiswara dènnira lalana | adrêng ngupaya arine | Sajati parabipun | mangkya panggih ingkang linuri | wus luhung salin aran | Ragasmara masud(?) | anyisma(?) Ni Selabrangta | wus pamitan ingajak wangsul nagari | angrêbat nagri Cêmpa ||

--- 12 : 275 ---

14. Sang kalih wus biniyantu dening | para kadang santana myang wadya | anundhung maring ratune | nanêka prajanipun | ing Pratokal ingungsir bali | asor prabawèng yuda | asrah putrinipun | anungkul nata taruna | madêg aji Jatiswara turun kaki | Ki Sajati patihnya ||

15. Kunèng ingkang wus umadêg aji | Jatiswara nèng nagari Cêmpa | Prabu Satmata juluke | Sajati patihipun | tata-harja ingkang nagari | adil aparamarta | ing pamêngkunipun | menak tyasnya wadyabala | de winêngku ing nata adil martani | satuhu waliolah ||

16. Pan wus krama kakalihirèki | kèh garwane sang nata wanudya | ayu endah suwarnane | kalangkung muktinipun | anutugi mangun karêsmin | sih lulut para garwa | mamarune rukun | sangking bangkiting narendra | dènnya amèt sihira kang para sori | wasis ulah asmara ||

17. Kawuwusa caritaning nguni | ing karajan nênggih Wanamarta | dèrèng lami antarane | wangsulira pra sunu | Jayèngraga lan Jayèngrêsmi | saking ing Wanantaka | wangsulira wau | wus wangsul ing kasunyatan | lan kang ipe Sèh Mongraga datan lirip | laraping rèh sopana ||

18. Gangsal warsa raharjaning janmi | Wanamarta tan ana kawarta | tinunggu para gurune | Ki Bayi Panurtèku | sru angêmong marang ing santri | ajrih asih sadaya | tyasira sumungku | marang Ki Bayi Panurta | mung sakêdhik kang antuk buntasing ngèlmi | wulanging para putra ||

19. Kacarita kèh kadang kang lalis | para tuwa titiga wus lena | Ki Sêmbagi lan arine | kantun gangsal kang sêpuh | kadangira wau Ki Bayi | mangkana kang winarna | nênggih gêrahipun | Kiyai Bayi Panurta | nandhang roga madal saliring usadi | kongsi antara lama ||

20. Ni Malarsih sru sungkawèng galih | mulat marang gêrahe kang raka | dhasar wus sêpuh wancine | tan arsa nadhah nginum | jroning cipta ingkang pinusthi | amung putra Ni Rara |

--- 12 : 276 ---

Tambangraras iku | lan garwa Sèh Amongraga | pinrih prapta saking onênging kapati | manawi dadya tamba ||

21. Tigang candra gêrahe Kiyai | datan suda malah wimbuh lupa | ngalayung lapa anggane | pra kadang samya tugur | sarta putra kalih nênggani | giliran pra santana | siyang dalunipun | jalu èstri wus tinata | kakancuhan dènnira sami nênggani | titindhih para kadang ||

22. Kang ngladèni wau (n)Jêng Kiyai | Ni Malarsih lan mantu kalihnya | kang tansah anèng ngarsane | ring ratri akapiluh | Ni Turida lan Rarasati | ketang mirmaning nala | marang mara-sêpuh | mulat pucating wadana | asru nglayung sawang kunarpa (n)Jêng Kyai | wus dangu tan ngandika ||

23. Nahan ingkang nandhang nawung wingit | Kyai Bayi Panurta sakadang | miwah pra putra mantune | sadaya bela wuyung | datan ana kasukan sami | silêp sêpên asunya | tan ana sumêngkung | tidhêm krajan Wanamarta | tan kapyarsa sabawa têrbang lan gênjring | tanapi kalênèngan ||

24. Saking dènnya bela gung wiyadi | mring gêrahe Ki Bayi Panurta | dadya wong sakrajan mangke | tan ana sukèng kalbu | darbe karya parlune siwi | tan amawi sabawa | amung (m)buru pêrlu | tidhêm tanpa pamiwahan | sinamayan kasukanira ing wuri | kalamun wus aludhang ||

25. Sigêg ingkang sami nawung kingkin | wong ing krajan Wanamarta mangkya | wau kang nèng kanêngkane | sasana sang Mongluhung | lawan garwa Ni Selabrangti | ris pangandikanira | dhuh yayi sun-dulu | para kadang Wanamarta | waktu mangkin sami kandhahan wiyadi | gerahe ramanira ||

26. Baya uwus wangkiting pinasthi | Kyai Bayi wangsul kamulyannya | mung yayi sira dèn-ame | sangking onênging kalbu | paran mangkya karsanirèki | miwah ingkang pamawas | apa ta wus jumbuh | matur Nikèn Tambangraras | datan pae lawan paduka sayêkti | saking paningal-amba ||

--- 12 : 277 ---

27. (n)Jêng Kiyai wus arsa mungkasi | alam kabir ngancas ing kasidan | mung cipta anganti mangke | rawuh paduka tuhu | pinrih nguntapakên ing pati | ywa kongsi sêmang-sêmang | pamawasing kalbu | Sèh Amongraga ngandika | adhuh yayi apa wus wantala yêkti | nguntapêna (n)Jêng Rama ||

28. Yèn kadangon satuhu kaswasih | (ng)gènnira gung anandhang roga |Kurang satu suku kata: anggènira gung anandhang roga. lamun wus rila sira-nggèr | dèn-tawêkal ing kalbu | kudangane yayah lan bibi | maring suta wanudya | (ng)gumatèni tuhu | duk kalane nandhang roga | bubuhane suta pawèstri sayêkti | mangka walêsing trêsna ||

29. Wruhanira têmbe iku yayi | ibunira prasêtya nut lena | pan wus dadi pangidhêpe | marmanta aywa giyuh | ing tyasira nêmbe nungkuli | lenane yayah rena | utamèng tumuwuh | antuk nugrahaning Sukma | kudangane wanudya bêkti ing laki | muksa barêng sadina ||

30. Duk miyarsa wau Selabrangti | andikaning raka kang mangkana | tumungkul nahên waspane | ketang ing trêsnanipun | yayah-rena ingkang langkung sih | salami pamongira | mring putra sang ayu | tinurut ingkang paminta | datan kongsi kacuwan saking panggalih | mangkyarsa tinilara ||

31. Sèh Mongraga angandika aris | adhuh nyawa mugi di-santosa | tyasira ing mêngko anggèr | wus jamake wong iku | urip anèng dunya puniki | pindha mampir ing desa | kandhêg adhudhukuh | tan lami tinilar lunga | wangsul marang prajanira kang sajati | mulih mulya pinanggya ||

32. Ya pagene sira wus udani | purwa madya wasananing gêsang | ing awal miwah akire | sadaya wus sumurup | têka (n)dadak kogêl ing galih | dhuh yayi ramanira | gêrahe wus dangu | rusaking kang sarira |Kurang satu suku kata: rusakirèng kang sarira. baya têmah karya rusaking tyas êning | bawur pamawasira ||

33. Lah ta mara parêngan tutuwi | mèt wêkasan pamarêming prana | aywa yayi ing kasuwèn | mamêlas raganipun | duk miyarsa Ni Selabrangti | gadgadeng tyas sanega | ambirat tyas wuyung |

--- 12 : 278 ---

nulya aris aturira | dhuh pukulun suwawi amba umiring | sampun sandeyèng driya ||

34. Langkung suka Mongraga nut myarsi | ing aturing garwa wus siyaga | tan wangwang malih nalane | samana sigra laju | mêsat marang Wanamartèki | kawuwusa samana | malêm Sukra nuju | ing wancine bakda Ngisa | Kyai Bayi Panurta saya ngranuhi | kadya praptèng antaka ||

35. Para kadang putra garwa sami | pêpak tugur ana ing pandhapa | ingkang cêlak nèng gubahe | Ni Malarsih nèng ngayun | mantu kalih ingkang ngladosi | Rarasati Turida | kang tansah nèng ngayun | lan kalih putrane priya | para ari gangsal sami ngirid rabi | cakêt marêg ing tilam ||

36. Jayèngraga miwah Jayèngrêsmi | Ki Panukma Panamar Suwarja | Wiradhustha Ki Wiryane | kalangkung wlas andulu | maring raka gêrahirèki | aris dènnya atanya | Ki Suwarja wau | maring Ni Malarsih ika | dhuh kakangbok pintên laminira mangkin | gêrahira kang raka ||

37. Ni Malarsih aris anauri | tigang lapan yayi gêrahira | raka-ndika prapta mangke | wiwite gêrahipun | Sukra Krêsna nênggih marêngi | wêdalannira raka | jangkêp yuswanipun | suwidak sakawan warsa | amung kaot kawan wulan lawan mami | ngênèmi sawatara ||

38. Ki Panukma anambungi angling | ing salami gêrahe rakanta | dhahar punapa karsane | ingkang taksih kinayun | Ni Malarsih nauri aris | ing nguni dhaharira | bubur mawi madu | duduhing ayam kêlêman | nging sawulan punika tan ana bukti | amung tajin kewala ||

39. Miwah duduh êtim dara-piyik | ing watara samangkok sadina | datan arsa malèh-malèh | wedang ingkang kaunjuk | susuh paksi sandawa ugi | miwah kêmbang têmpayang | kalèngkèng cinampur | gêndhis arèn sawatara | mung sacangkir sadintên watara apti | liyan datan kinarsan ||

--- 12 : 279 ---

40. Langkung ngungun Ki Panukma tuwin | para kadang miwah para putra | Ki Panamar muwus age | mênggah usadanipun | raka-ndika punapa apti | angunjuk lolohira | Ni Malarsih muwus | yèn usada warni toya | pira-pira sakêdhik ingunjuk ugi | miwah bobok borèhan ||

41. Nging tan ana sudaning sasakit | lamun nendra kadi awacana | dede dalêmingan bae | nanging tètèh kang wuwus | angucapkên namaning siwi | Tambangraras winêca | anèng ing pamuwus | anggrantês laguning kata | nging tan cêtha wêdaling swara kapyarsi | gumrêmêng mulung swara ||

42. Wau ingkang samya amiyarsi | kadang putra mantu ipe samya | kalangkung angrês driyane | Ki Bayi tuhu lamun | onêng maring suta pawèstri | dadya sadayanira | gya angèsthi kalbu | pênêt anggayuh sopana | Sèh Mongraga kalawan Ni Selabrangti | ingkang ciniptèng driya ||

43. Sruning mupit suhuling tyas dadi | ginêlêng mêsu ing pangèsthinira |Lebih satu suku kata: ginêlêng mêsu ing pangèsthinya. samana madya ratrine | kawistara kang rawuh | Ki Sèh Amongraga lan swami | ririh auluk-salam | wus lênggah nèng ngayun | Tambangraras jajar lawan | ingkang ibu kagyat putranira prapti | mèh supe anyabawa ||

44. Kadya anjrit sakala duk mèksi | marang putranira Tambangraras | manguswa pada ramane | adrês dera kapiluh | dangu dènnya nungkêmi sikil | Sèh Mongraga sandhingnya | nguswa astanipun | sadaya mingsêr lênggahnya | sasalaman warata aganti-ganti | pra ari nguswa asta ||

45. Tambangraras mingsêr dènnya linggih | maksih waspa nyêlaki ibunya | nulya anukup sukune | mangèstu padanipun | drêsing waspa kongsi ngêbêsi | mangkana Sèh Mongraga | ririh dènnya muwus | dhuh bibi miwah pra paman | yayi karo praptaningwang gung wiyadi | dadya wêkasanira ||

46. Ywa sungkawa sadaya puniki | titah namung nut karsaning Sukma | ri ratri kèntir iline | lir sarah munggèng ranu | kombak-kombul alun jaladri | ana wêkasanira | pangrurahing layu |

--- 12 : 280 ---

ambirat ingkang busana | gagayuhan jasat saking Maha Suci | wus pantog karyanira ||

47. Nulya wangsul marang Maha Suci | karsaning Hyang sumewa ing dhampar | tansèng ngarsa pangadhêpe | kamulyan kang pinangguh | marma ugi dèn-rila sami | kamulyaning (n)Jêng Rama | ing mangke wus bastu | praptèng jangjine tumitah | datan kurang datan luwih (ng)gwan dumadi | mangsane tilar raga ||

48. Angèn-angèn ginèndholan sami | karya sêmang samaring wardaya | yêkti tan nana bêcike | ingkang arsa amurut | lir kacancang sukunya kalih | kang tinilar sadaya | karantaning kalbu | karya pêtênging paningal | raga lupa karasa sadaya sakit | luhung sami lilakna ||

49. Sa-antara sawusira angling | Sèh Mongraga nyêlak ingkang rama | ana ing kering prênahe | lênggah nèng salunipun | ingkang asta dipun-cêpêngi | sami kering kang asta | anulya tumêlung | kadya ambisiki karna | ingkang kering saksana wau Ki Bayi | asêgu babar layar ||

50. Nulya dhikir nut lêbu lan mijil | uswanira lir èngêt sakala | dhela-dhela ing èngête | nanging katungka laju | pangikise marang kajatin | pangrasanira lir nendra |Lebih satu suku kata: pangrasanya lir nendra. wisata ngalangut | ngingiring Sèh Amongraga | alalana ananira jaman akir | lêyêp laraping angga ||

51. Sa-antara kumêclaping jisim | wus palastra Ki Bayi Panurta | wadana katon cahyane | sumilak asumunu | prabanira langkung nêlahi | mubal arum suganda | jro wisma amarbuk | miwah padhang tarawangan | lir kênyaring sasangka purnama siddhi | sadaya kêkês ing tyas ||

52. Sèh Mongraga dèrèng angingkiti | anèng keringira kang palastra | nulya anata astane | sidhakêp kalihipun | ingkang kanan nèng pulung-galih | asta kiwa tumumpang | tumindhih puniku | kadya sidhakêping salat | kaotira ing kanan dipun-tindhihi | dening kering kang asta ||

--- 12 : 281 ---

53. Liyêpira kang netra nyarêngi | lawan tutuk ingkême samada | wus rapêt kêjêpe |Kurang dua suku kata: netra wus apêt kêjêpe. padanira anjujur | palandhungan datan jinêpit | tumumpang ing wêntisnya | adhêkêt ing suku | jêjêg ujure kang sawa | mujur ngalèr wiwit gêrahnya Kiyai | Panurta wus lêgawa ||

54. Madya ratri sedane (n)Jêng Kyai | wus tetela (n)tuk nugrahèng Sukma | katon ana prabawane | ngalamat dadinipun | ingkang laku kasidan jati | lêgawa paramarta | sasama sih lulut | patitis praptèng wêkasan | Kyai Bayi nugrahane dunya akir | datan kuciwèng patrap ||

55. Lêgèh lêga sèlèhing kang jisim | suka rêna lir mèsêm kang nitya | amung kadi sare bae | mangkana kang nèng ngayun | para kadang tanapi siwi | tyasira lir sinêndhal | marêgêl kang êluh | kawuwusa garwanira | Ni Malarsih kang nèng cakêtira linggih | lan Nikèn Tambangraras ||

56. Anggraita yèn raka wus lalis | putêking tyas kapêtêking driya | kabyatan nandhang wirage | ketang ing trêsnanipun | tuhu sêtya bêkti ing laki | Ni Malarsih salama | mring raka mituhu | anut saliring rèh priya | tan kumêdhap anyipta sarênga lalis | pinêntog jro wardaya ||

57. Nglêsing nala sumusup kalalin | liyêp lêpas angganya marlupa | kadya linolos ngalèlèh | ngalumpruk kadya kapuk | pêgat-pêgat uswanirèki | kalaratirèng Sukma | sumalah aluyut | wus murcitèng kaênêngan | Tambangraras waspada gita nadhahi | saking pungkur sinundhang ||

58. Kadya sèndhèn isthanira linggih | suku kalih salonjor ngarêncal | gugup kakalih mantune | parêng§ Prayoginipun / sarêng /. dènnira nubruk | Ni Turida lan Rarasati | anyêpêng sukunira | kakalih pinangku | mangkana Malarsih nulya | mancal sigra saking dunya têmah lalis | layap lyêping netra ||Kurang satu suku kata: layap liyêping netra.

59. Wus tetela Ni Malarsih mangkin | lena labuh sarêng lakinira | sadaya langkung gidhuhe | Sèh Mongraga lon muwus | para

--- 12 : 282 ---

paman miwah para ri | aywa guguping tindak | iku tan pakantuk | mapan wus pasthine samya | pedah paran tandangira briga-brigi | dipun-sarèh kewala ||

60. Wus tetela rama miwah bibi | samya tilar maring sagung putra | tanapi ing kadunyane | eklasing (ng)galih luhung | paran malih dipun-ulari | lêhêng sami (ng)galiha | pangruktinya wau | papan pasucianira | ingsun pasrah marang sira yayi kalih | ruktine samudaya ||

61. Jayèngraga miwah Jayèngrêsmi | mapanakên layone bu-nira | wus jinèjèr anèng bale | tinata ujuripun | tinuguran kang para ari | Basarodin samana | nèng (n)jaba angrungu | sabawa udrêging wisma | paksa malbu marang wisma duk ningali | layon maksih jinajar ||

62. Anggraita kalamun Ki Bayi | miwah garwa wus sarêng pralaya | mangkya jinajar sawane | saksana Ki Pangulu | Basarodin anggro tan wigih | andheprok anèng jogan | panangise asru | Sèh Mongraga lawan garwa | sigra nilap marang panêpèn ing wuri | mangkana kang tinilar ||

63. Wus tan nana ingkang dèn-sigêni | lir ambêdhah kang tirta bêbêgan | parêng§ Prayoginipun / sarêng /. karuna kabèhe | mangkana kang rumungu | para kadang santana sami | kang tugur nèng pandhapa | gumrudug lumêbu | mring wisma bela karuna | mulat ingkang layon karo dèn-tutupi | sasambat ngaru-ara ||

64. Jalu èstri sadaya wus prapti | giyuh umyung swaraning karuna | lir gêrah jro padalême | wus tan kêna binêndung | baya iku rêngganing lalis | sêdhêpe tinangisan | lêganirèng kalbu | pakurmate wong pralaya | satêmêne iku malah amêtêngi | margane anèng makam ||

65. Lamun nora akèh kang nangisi | anglairkên gêtuning wardaya | kagugah mring sungkawane | wau ta sang Mongluhung | nabda maring paman myang ari | dhuh aywa tinangisan | kang

--- 12 : 283 ---

murwèng (n)don luhung | luhung nuli angruktiya | -ing pasucèn aywa kadawa anangis | gadgada kang liningan ||

66. Kèndêl dènnya sami anangisi | gya rumagang pra kadang lan putra | Mongraga wus wangsul age | marang panêpènipun | lawan garwa Ni Selabrangti | samya tangat palilah | sakalih wus junun | ananêdha ing Hyang Sukma | sampurnaning ibu rama ingkang lalis | sinunga marga padhang ||

67. Lawan lêga jêmbaring pangaksi | dipun-eklas saciptaning driya | ruwat sagung kasmalane | cedanira ing kalbu | sinukcèkna ing dunya iki | ywa kongsi karahatan | lêkêting kalulun | kawuwusa pra santana | miwah putra rumagang ing kardi |Kurang dua suku kata: miwah putra rumagang ingkang kinardi. sami mijil ing (n)jaba ||

719. Mijil

1. Ni Turida miwah Rarasati | gung sungkawèng batos | lawan sagung santana èstrine | nambut-karya sarwi dènnya nangis | kang waspa drês mijil | tarlèn sênggruk-sênggruk ||

2. Wênèh ana ingkang niba tangi | tangise (ng)galolo | kalèsèdan kêkitrang tangise | gugulungan galungsar anangis | ana ringik-ringik | kang ngiyêng angguguk ||

3. Langkung ramya swaranirèng tangis | sasolahe kang wong | santri Luci anabuh gêndhonge | têtêg kaping tiga kang tinitir | sung pratandha maring | sagung santrinipun ||

4. Lamun ana karya kang wigati | kapyarsèng sagung wong | gora andhar ngumandhang swarane | langkung gugup kang sami miyarsi | gupuh amiranti | nungsung wartanipun ||

5. Wus anduga lamun Kyai Bayi | praptanirèng layon | nging tan nyana yèn sarêng Nyaine | Ni Malarsih ingkang bela lalis | marma sagung santri | duk myarsa sru ngungun ||

6. Sami (n)jêtung gumunne tan sipi | dadya dhêlog-dhêlog | wênèh ana kang asru tangise | ana ingkang mung (m)barêbês-mili | gêdrug-gêdrug siti | kèkèrog ambêkuh ||

--- 12 : 284 ---

7. Ketang sami sih trêsanirèkitrêsnanirèki. | (n)Jêng Kyai kang layon | mari-mirma dahat pangêmonge | maring para santri sadayèki | santri jalu èstri | tan wingang gêgêtun ||

8. Dèrèng wontên ingkang nambut-kardi | saking anggung lamong | gya katungka ing têtêg unine | bêdhug masjid awal Subuh prapti | nulya Subuh sami | maring masjid agung ||

9. Mung amiji santri gangsal siki | ingkang nêngga layon | ngadhêp dupa kumêndhêng kukuse | mênyan madu cêndhana têgari | kayu garu minging | andêdêl ing kukus ||

10. Among pinèt parluning ngabêkti | rinancang kang Suboh | nulya wangsul sadaya ge-yage | byar raina marbangbang purwa brit | kumênyar kaèksi | nèng pucuking gunung ||

11. Bang-bang wetan sagung para santri | dinum karyaning wong | santri Luci lan karèrèhane | mèt piranti kinarya nucèni | kapat jêmbanganing | ingisènan ranu ||

12. Sabawaning wong kang nambut-kardi | jalu miwah wadon | tanpa ngucap ambêbêg waspane | silêp sêpi swaraning kang paksi | tan nana kang muni | kadya bela giyuh ||

13. Nèng wit-witan maksih samya mlangkring | lir ngungun tumonton | kwèh kukila angênês isthane | ambêdhodhog sinambi salisik | tan ngupaya bukti | andulu pijêtung ||

14. Anggarjita sagung para paksi | mulat mring sagung wong | ana paran iki ta wong akèh | maksih enjang samya nambutkardi | sinambi anangis | tan nana amuwus ||

15. Baya Kyai Bayi angêmasi | marmane sagung wong | gung karuna iku saparanne | sruning trêsna marang (n)Jêng Kiyai | dènnira ngayomi | marang santrinipun ||

16. Barubahing Wanamarta dèsi | tyasira sagung wong | kadi datan antuk sasulihe | locitaning sagung para paksi | gya mêsat anêbih | ring pasabinanipun ||Lebih satu suku kata: ring pasabinipun.

17. Basarodin lawan katib kalih | anambut lalawon | ulêsira kang layon kalihe | tundha sapta lawon sami putih | wau kang

--- 12 : 285 ---

parèstri | sêkar kang sinambut ||

18. Gugubahan myang sêkar kang sari | mlathi lan argulo | rarajangan kang pandhan wangine | kang kinarya isi lir tilamrik | kara-ulu guling | miwah isi kasur ||

19. Tan antara dangu wus miranti | pasucèning layon | kalih prangkat sanega prantine | nèng kumbaya bokor slaka sami | landha mêrang tuwin | toya sêkaripun ||

20. Kokosokan ingkang warni-warni | ron dalima kang nom | ron widara kumuning samane | tirta tawa nèng kalênthing kalih | minangka ngêdusi | siki sowangipun ||

21. Dhingklik panjang kang cakêt rinakit | sinandhing nèng kono | pan kinarya kadang linggihane | kang amangku jisime sinuci | wus pinatah sami | jalu èstrinipun ||

22. Jisim jalu ingkang ngupakardi | kadang priya kang wong | jisim èstri kang angrukti kabèh | para kadang pawèstri wus prapti | sangkêp amiranti | samana gya rawuh ||

23. Sèh Mongraga lawan ingkang swami | sing panêpèn kulon | njênêngi yèku panyucinè |Kurang satu suku kata: anjênêngi yèku panyucine. rama ibu kang tinuting pangling | sakèh kadang sami | nut parentahipun ||

24. Nulya dhawuh Ki Sèh Amongragi | marang ari karo | adhuh yayi punapi prantine | wus sanega kang kinarya suci | prayoga tumuli | sinucèna iku ||

25. Tur sandika ingkang rayi kalih | Jayèngrêsmi manggon | angling marang lilima pamanne | lah suwawi paman malbèng panti | angangkat Kiyai | rakanta karuhun ||

26. Ari gangsal ngangkat (n)Jêng Kiyai | Panukma nèng kulon | gya Panamar nèng têpak ênggone | Ki Suwarja nèng lambung jinagi | Wiradhustha wêntis | Kulawirya suku ||

27. Tan nyabawa kaangkat tumuli | wau ingkang layon | wusnya prapta nênggih ing unggyanne | pasiraman kang ngangkat gya linggih | ajajar nèng dhingklik | kang sawa pinangku ||

--- 12 : 286 ---

28. Ngungkang jêngku tumumpang nèng wêntis | ri gangsal kang caos | putra kalih anyirami age | Sèh Mongraga ingkang anuruhi | sing ulon lêstari | tumurun mring suku ||

29. Wali-wali dènnya anuruhi | nèng gayungira lon | Jayèngrêsmi lan Jayèngragane | kang ngosoki toya warni-warni | ron dalima tuwin | widara ronnipun ||

30. Lan kumuning sêkar toya wangi | warata kinosok | wus barêsih ing angga ujure | nulya Ki Sèh Mongraga muloni | kusuk lapal sukri | wului Allahu ||

31. Hu-akbaru mawantu kang warih | sing ulon kinocor | bibilasing tirta suci mangke | pinasatan lawan lawon putih | gya ingangkat sami | ring pulunanipun ||

32. Wong pipitu sutane pra ari | ngangkat ingkang layon | sinalahkên anèng busanane | pasrah marang Kiyai Basarodin |Lebih satu suku kata: pasrah marang Kyai Basarodin. kang arsa ngulêsi | lawon tundha pitu ||

33. Gya sinumpêt sadaya lèng sami | lawan kapuk mawor | bubukaning candhana kayuningGuru lagu seharusnya: 10e, bubukane candhana kayune. | gya binungkus wastra seta nuli | pipitu malipit | tinalèn pipitu ||

34. Jroning wastra tutup muka tuwin | tutup jaja karo | kang tinulis ing Arab sastrane | wus tarêtib sinêbaran sari | samana gya ganti | nênggih layonipun ||

35. Ni Malarsih ingangkat pra èstri | pipitu pra wadon | prapta prênah pinangku layone | paripeyan gangsal kang parèstri | siniraman nuli | mawarna kang ranu ||

36. Mujur ngetan sumalah ing jisim | kapat para wadon | mantu kalih wimbuh ing kadange | anggosok warata kang jisim |Kurang satu suku kata: anggosok warata ingkang jisim. tiga kang nuruhi | kongsi sucinipun ||

37. Nyi Pangulu Basaruddin nuli | muloni kang layon | wusnya suci gya ingangkat age | wong pipitu sadaya pawèstri | miwah (m)busanani | kalih Nyi Pangulu ||

38. Layon kalih sampun sami suci | pinasang amanggon | krêndha-sawa rinêngga kalihe | lurup sutra wastra seta adi |

--- 12 : 287 ---

rinacut malathi | ginubah sadarum ||

39. Sèh Mongraga nulya anyalati | wau ingkang layon | para paman lan ipe makmume | samya kadas sadaya miranti | nèng wetaning jisim | madhêp keblatipun ||

40. Anèng ulon prênah angimami | sipat pundhak layon | jèjèr kering kang makmum unggyanne | ngangkat niyat imamnya rumiyin | usali-ngaladli | mayiti arbangu ||

41. Takbiratin lilahi tangali | allohu-akbar lon | gya Patekah binatin sarênge | kaping kalih takbirira sami | salawat (n)Jêng Nabi | nulya takbir têlu ||

42. Salalahu ngalahi-salami | takbir salam mengo | ngiwa nêngên pan maksih adêge | gya dinongan sadaya ngamini | paragat salati | nulya sami mundur ||

43. Nulya pamit wau Sèh Mongragi | lan garwa sang sinom | ningit maring pasonyan dununge | wus salaman sadaya pra ari | pra paman anuli | wus nilap asamun ||

44. Ki Pangulu nulya ngatag aglis | arsa salat gupoh | Ki Panukma aris ing wuwuse | kang Pangulu yogyane puniki | salat janajahi | mangke bibaripun ||

45. Ing jam'ah kewala nèng masjid |Kurang satu suku kata: Ing jama'ah kewala nèng masjid. sagunging ponang wong | sasarêngan nênggih nyalatake | wus sarujuk sadaya suwawi | kalawan wus mranti | gya ingangkat gupuh ||

46. Para kadang santana (n)Jêng Kyai | Wanamarta kang wong | kakêrigan umiringa kabèh | layonira Ki Bayi nèng ngarsi | ing wurine Nyai | karo layon laju ||

47. Gumarumung sadaya kang ngiring | salawatan alon | dhidhikiran samargi lampahe | wus sadhiya kaluwatnya kalih | nèng wurining masjid | prênah kidulipun ||

48. Lawan ingkang pangimamanèki | jinajar kang manggon | mujur ngalèr wau sakaliye | angulonkèn pangimaman sami | kang kulon Ki Bayi | wus sami kinubur ||

--- 12 : 288 ---

49. Ingadanan sinarêng kakalih | kinamatan gantos | Basarodin arum ngrês swarane | katabêtan matrênyuhing ati | sadaya kang myarsi | kararantan wuyung ||

50. Ingurugan wau kubur kalih | mawa karas karo | kongsi mungkrug wau urugane | ingkang krêndha siningkirkên sami | sinêbaran sari | lir lurup angumbruk ||

51. Sarampunge dènnira ngurugi | Ki Pangulu manggon | lungguh anèng kubur antarane | dadaganing kang kubur kakalih | watara kapering | gya talkim-irèku ||§ Prayoginipun / talkin /.

52. Nutug tutug ucapirèng talkim§ Prayoginipun / talkin /. | sadaya rumojong | angamini wau ing dongane | wus paragat sacaraning mayit | sadaya anuli | mundur wangsulipun ||

53. Mring pandhapa atata kang linggih | wau sagunging wong | nulya mijil kang kandhuri gêdhe | dhudhulangang gotongang§ Prayoginipun / dhudhulangan gotongan /. kandhuri | tinala maripit | jajar kapang kepang ||

54. Kur-ungkuran tumpêngira sami | sinigar dadya ro | gya angingêr bêlah kakalihe | kukuluban kêbak angubêngi | lam-ulaman sami | mawarna atêpung ||

55. Nulya ngadêg wau Basaroddin | (n)dongani tumlawong | gumarênggêng aguyub amine | praptèng wêkas wau donga amin | anulya pra sami | ing kandhuri andum ||

56. Amoloni miwah nyapuluhi | kang nadhah aroyom | dènnya wanting kukucur koboke | durung rêsik kasêlan nyowoki | tumpêngira nuli | rinurah pinuluk ||

57. Angucapah ingkang samya bukti | wau sakèhing wong | gya dinuman kacu lalawone | binuntêlan arta suku tali | kêthip ingkang dadi | ing salawatipun ||

58. Wus warata antuk kacu sami | agêng aliting wong | jalu èstri datanapi lare | datan ana kaliwatan siji | nutug dènnya bukti | (n)dum barêkatipun ||

--- 12 : 289 ---

59. Gya binuntêl anèng kacu sami | kongsi ambareyot | nulya bubar sowangan ulihe | tan antara ing wanci nêngahi | bêdhug masjid muni | pra santri sumungsung ||

60. Ingkang adoh wismane tan kanti | mantuk gya jumujog | maring masjid ambêkta barkate | ambalabar wong kang samya prapti | (m)baludag surambi | nèng ratar sor kayu ||

61. Wusnya sunat kang sukri wului | sunat masjid kang wong | nulya kutbah arum suwarane | mangasiralira wa mukminin | ingkang anèng jawi | tan bisa arungu ||§ Prayoginipun / angrungu /.

62. Sawusira kutbah Basaroddin | wacananira lon | nêdha sakèh santri sadayane | bar-jumungah pininta nyalati | (n)Jêng Kyai lan Nyai | kakalih kang lampus ||

63. Amiminta aksamaning Widdhi | mrih wau sakaro | ananggapi wau wong sakèhe | nulya adan parlunira masjid | tamat wusira glis | samya salat parlu ||

64. Basaroddin ingkang angimami | takbirira alon | tundha-tundha ingkang nambungake | anasibi kongsi praptèng (n)jawi | mrih samya miyarsi | parêng§ Prayoginipun / sarêng /. tindakipun ||

65. Paragating salat parlu masjid | salamira karo | sagunging wong nulya nyalatake | ingkang mayit jalu lawan èstri | rong rakangat sami | rong salamira wus ||

66. Nulya bubar wau sakèh santri | mring wisma ponang wong | tan kawarna paragat parlune | kang jama'ah lan layon kakalih | wancinira lingsir | wus sami anggambuh ||

720. Gambuh

1. Mangkana kang tinutur | Wanamarta nênggih krajan agung | sasedane Ki Bayi Panurta nguni | sarêng lawan garwanipun | putranira kang gumantos ||

--- 12 : 290 ---

2. Jayèngrêsmi pangayun | ambakoni ing pasantrènipun | analuri pamardine marang santri | kalangkung dènnira ngugung | marma sutrêsna sakèh wong ||

3. Mangkana pra tumênggung | siswanipun Ki Bayi sadarum | wus sinungan warta sedane (n)Jêng Kyai | marma kathah akikintun | panjurung ragating layon ||

4. Nanging datan winuwus | parincène wijanganing catur | mung Dipati Wirasaba kang maringi | kintaka palilahipun | nawala mangka wigatos ||

5. Lêstarinira turun | maring putra gumantya ing lungguh | mangagêngi guru ngaji ing pasantrin | dadya kang pangagêngipun | Jayèngrêsmi pinitados ||

6. Samana dadya bau | tuwanggana ing pasantrènipun | sabên ratri para santri kinèn ngaji | dadarusan Kur'anipun | sinunggata datan anggop ||

7. Nyamikan wantu-wantu | têngah dalu kandhurine mêtu | royom bukti para santri agêng alit | tan mêndha ing sabên dalu | datan kêkurangan sugoh ||

8. Laminira winuwus | kongsi kawandasa dalunipun | pamungkasing kandhuri wilujêngnèki | kang tilar kadunyanipun | sumungku wau sagung wong ||

9. Kongsi petangan satus | arinira pinurwa kang lampus | pamumulèn winantu ing kangingkang. kandhuri | para santri rahabipun | angaji sucining batos ||

10. Tri ratri laminipun | samya ngaji anèng (n)dalêmipun | Kyai Bayi samana Ki Jayèngrêsmi | dèrèng karsa ngalih malbu | marang dalême kang layon ||

11. Sungkawanirèng kalbu | dèrèng pulih maksih agagêtun | sedanira kang rama miwah bu-nèki | dèrèng wantala ing kalbu | asru kararantan batos ||

12. Saking gênging panuwun | kongsi pêndhak kapisan ingetang | winangunan malih ingkang rudatin |Kurang satu suku kata: winangunan malih kang sami rudatin. mumulih kandhurinipun |

--- 12 : 291 ---

angaji malih sagung wong ||

13. Dwi warsa pêndhakipun | kang mumule angaji sadarum | para santri sinunggata amênuhi | rahabira tyas sumungku | marang rèh wuri sang anom ||

14. Para paman angrapu | sungkawaning pra putra linipur | Jayèngrêsmi pinrih ngaliha tumuli | mundhak kadadawa anggung | amangun ingkang wirangwrong ||wirangrong.

15. Samana gya mituhu | Jayèngrêsmi pindhah dalêm agung | ambakoni sadaya santana sami | ngayomi pra santrinipun | duk prapta kang winiraos ||

16. Sèwu dina tinutup | amumulèni layon wus tutug | kèkahira sapi sadasa sinilih | sadaya ingkang lalawung | tan pinèt karyanirèng wong ||

17. Kinêtog kang susugun | santri jalu èstri samya malbu | pinrih ngaji kang wadon anèng ing wuri | garwanira kang tinuduh | lawan pra santana wadon ||

18. Ing pandhapa pra jalu | santri ngaji sadaya gumuruh | ingkang swara lir gêrah ngêbêki kuping | arame umyung gumrumung | gumrênggêng arum mring batos ||

19. Sabên raryyan anginum | warna-warna pangunjukanipun | wedang sêrbat pokak adulima mawi | nyanyamikanira ngumbuk§ Prayoginipun / ngumrbuk [ngumbruk] /. | salayah cêpat wiyah wong ||

20. Rinayap nyamuk-nyamuk | ginontoran wedang inum-minum | nora lukak cèrètira dèn-êjogi | kawandasa santrinipun | ingkang piniji lalados ||

21. Parèstri ingkang tugur | anèng pawon rumagang abikut | ngraratêngi lah-olahan warni-warni | tri ari dènnya anambut | ramud sampat praptaning (n)don ||

22. Madya ratri gya mêtu | gêgotongan kandhuri gung-ngagung | sêkul wuduk kandhuri mawa pangiring | ingkang lêmbaran markungkung | ayam bèbèk banyak menthog ||

--- 12 : 292 ---

23. Nèng tabung kêmplung-kêmplung | kimplah-kimplah santênira kanyut | wus tinata pinarênca awaradin | dinum ing sajuru-juru | pinetang sagolong-golong ||

24. Basaroddin tinuduh | andongani gadgada agupuh | ngadêg pacak madhêp keblat andongani | swara rum ngumandhang mulung | paragat wangsul alunggoh ||

25. Ngacaran samya kêmbul | amèt papan pra santri sadarum | gogolongan mèt kancuh dènnira bukti | ngucapah kokoh asêngkut | lam-ulam cinarup awor ||

26. Sadaya sami nutug | dènnya nadhah tan kêmba abikut | takêr warêg wadhukira sami (n)jêmbling | nulya cinarikan gupuh | binarkat wuwungkus godhong ||

27. Wus sami bubar mantuk | para santri jalu èstrinipun | sasarêngan pra samya dènnira mulih | samana wêkasing wuwus | Wanamarta guru anom ||

721. Sinom

1. Nahan gantya kang winarna | kang anggung nahên wiyadi | Jayèngrêsmi Jayèngraga | sedaning rama lan wibi | samana kang gumanti | angrèh wong Wanamartèku | Jayèngrêsmi kang mangka | guruning sagung pra santri | jalu èstri pinardi ngaji sadaya ||

2. Anêtêpi sarakira | (n)Jêng Nabi Mustapa sami | anging paprentahan desa | tata-têntrêming prakawis | Jayèngraga majibi | akarya pranatanipun | cara saraking Nata | sagung wong kang apapanti | laki-rabi cinarakakên agama ||

3. Miwah nut tataning praja | amrih widadaning jalmi | wasisira Jayèngraga | angrèh amirma sujanmi | tan nana kang rudatin | jrih-asih samya sumungku | wajib panatanira | caraning Wanamartèki | wimbuh arja satata rêngganing praja ||

4. Kunêng krajan Wanamarta | gantya kawuwusa malih | ingkang mahasêng sopana | mangkana Sèh Amongragi | lawan

--- 12 : 293 ---

garwanirèki | ingkang kulinèng ngasamun | ningit nimpar ing wana | lalana puncaking wukir | sakarsanya ngidêri sapramudita ||

5. Mangkana osiking driya | yèn anggung mangkene iki | amung ngumbara lalana | tan yogya amulang ngèlmi | kalamun dadya jalmi | darbe pangawasa luhung | nuntuni sakèh janma | karya rahayuning bumi | pupuntone arsa umadêg narendra ||

6. Gadgadèng tyas kalihira | umêsat arsa papanggih | lawan (n)Jêng Sultan Mataram | Nyakrakusuma sang Aji | Mangkya nêdhêng mimidik | anèng sapucaking gunung | Telamaya kang arga | lor kulon Marbabu wukir | ananamur tan nana ingkang uninga ||

7. Kalamun kang mindha Tapa | anèng sapucaking wukir | sabên malêm ari Sukra | Kêmisnya Nata tinangkil | nêtêpi dadya Aji | sajêngkarira sang Prabu | mêmpên anèng jro tilam | sajatinira niningit | mindha Tapa mumulang anèng ing ngarga ||

8. Nadyan kèh para punggawa | nayaka lawan bopati | sami samar pandulunya | tan nana anduga sami | kalamun (n)Jêng sang Aji | kang namur ana ing gunung | kinira tuhunira | sang Tapa ingkang sajati | apaparab Panêmbahan Nyakrasuma ||

9. Sidawakya arannira | wong desa ingkang ngaranni | kèh janma kang sami seba | warna-warna ingkang pinrih | wênèh ana sujalmi | nunuwun darbeya sunu | wênèh minta darajat | ana kang nuwun rijêki | lan usada sarupane kang lalara ||

10. Amung sang Rêsi tan arsa | paring sarana mring janmi | tuju têluh taragnyana | kang gêthingan samya jalmi | pinrih rukun prayogi | narima satitahipun | wênèh ana kang minta | ngèlmu rasa karsa jati | ngèlmu nyata kasampurnan kaprawiran ||

11. Kèh wadya punggawa Nata | bupati panèwu mantri | marêk maring padhepokan | ing Ngandongrukmi pra sami | nunuwun warni-warni | sinambadan sang Awiku | tan nana kang kacuwan | sagung kang nunuwun sami | risang Tapa mung kalih cacantrikira ||

--- 12 : 294 ---

12. Wasta santri kalihira | pun Ngalim miwah pun Ngadil | rumêksa dhedhepokira | nèng dhepok dènnya papanti | wau santri kakalih | tyasira langkung sumungku | nèng wukir Telamaya | anyantrik marang sang Rêsi | datan wikan kalamun wau sang Nata ||

13. Para nayakaning praja | kèh nuwun sarana sami | kaprawiraning ngayuda | amung sakêdhik kang mamrih | sampurnaning dumadi | kasunyatanirèng ngèlmu | Ki Mênggung Wiraguna | nyalênèh ingkang ingudi | mrih siniyan dhumatêng ing Naranata ||

14. Panglocitane sang Tapa | èsmu gumujêng ing galih | dene iki ta wong tuwa | apangkat bupati ngarsi | amung minta dènsihi | marang risang Maha-prabu | nanging sang pindha Tapa | tan masgul dènnya paparing | saciptanya sujanma tan nana cuwa ||

15. Andikanira sang Tapa | kalamun sira mung mamrih | sinihan dening Narendra | baya gampang kang pinardi | sira dipun-tabêri | marêg maring sang Aprabu | di-sumungku tyasira | kumandêl marang sang Aji | amituhu apa ing sadhawuhira ||

16. Dipun waspada ing karsa | yèn bangkit§ Prayoginipun / dèn-bangkit /. nuju panggalih | karênannira sang Nata | aywa kongsi nyulayani | dipun-trêsna-a kadi | maring sudarma satuhu | sumungkêm trusing nala | yayah mring Allah sayêkti | aywa mèngèng nglakoni ayahanira ||

17. Abot ènthènging pakaryan | tan nana agêng lan alit | kabèh dhawuhing Narendra | tan na rèmèh parlu ugi | mungguh kabèh karsa ji | inganggêpa sami parlu | dipun-têmên ing karya | aywa (n)daleya ing kardi | di-lêgawa lara têkaning palastra ||

18. Tan susah mawi sarana | sarat masrute sadawir | kalamun wus nêtêpana | kadya warahingsun iki | sayêkti yèn dèn-sihi | sira marang sang Aprabu | ywa sêmang-sêmang sira | sihira Sri Narapati | nora cuwa sira sumungkêm ing Nata ||

19. Ki Tumênggung Wiraguna | datan anyana sadami | lamun kang marah punika | tuhune Sri Narapati | kinira tuhu Rêksi§ Prayoginipun / Rêsi /. | kang mumpuni sarwa putus | suka nulya pamitan | linilan mundur anuli |

--- 12 : 295 ---

tan kawarna kang mundur saking ing ngarsa ||

20. Amarêngi titi sonya | ing wanci wus madya ratri | sang Tapa pribadi lênggah | anèng pacrabakan alit | wisma dêling sasiki | cagakira samya pêtung | ginanjêl sela seta | balunganira pring ori | pagêr plupuh wuluh ginapit ing pucang ||

21. Payon sruwa gaglamitan | kadya gimbaling rasaksi | sêmu wilis lumutira | katuwuhan warni-warni | bayêm latêng lan trêni | karo kombang samya manglung | rumambat ing papasan | bolu galing bondot kèksi | widasari sumlak seta sarinira ||

22. Amrik minging gandanira | kèntaring samirana ris | mulêg kadya buratwida | yayah gandaning apsari | tumurun sing swarga di | lalangên pucaking gunung | wangun tajug kang wisma | rong puluh pêcak pasagi | angarompyoh pindha sisinoming kênya ||

23. Suluring pakis ngarêmbyah | lung jangga kang mobat-mabit | katub dening samirana | isthane kadya kênya di | tangkis asta ing ngungsir§ Prayoginipun / ingungsir /. | pinrêping priya mrih lulut | manêngkah-nêngkah jaja | katrêsaning driya langit | sirating (m)bun kadya swanitaning kênya ||

24. Kumyus ingkang gêng rèwèyan | sumirat kadya ngêpyuri | mring priya kang mriyêmbada | arsa mangrurahing sari | sumribiting kang angin | sung swara uswa winangun | sêsêg sinrêg asmara | lir kênya katêmbèn rêsmi | jroning dhepok sidhêm tan nana sabawa ||

25. Kèh janma kang sami nimpar | tirakat marêg sang Yogi | anging anèng Panataran | wus samya kapati guling | galasah jalu èstri | natarira gasik adhum§ Prayoginipun / edhum /. | kayoman dening wrêksa | nagapuspa angidêri | sêdhêng sêkar angambar-arum gandanya ||

26. Pucang marapit ing (n)jaba | sami mayang amêkari | mulêg gandanira kongas | kang katub maruta ririh | karya nyêming ati |Kurang satu suku kata: karya ayêming ati. kataman ganda rum-arum | mangkana sang Atapa | wus wikan sajroning galih | lamun arsa katamuwan ing utama ||

--- 12 : 296 ---

27. Anggung manungku ing karsa | pinêlêng sajroning galih | palaling Hyang kasêmbadan | wus purna pramana yêkti | katon risang Palinggih | ing ngarsa anèng tatamu | sakloron tamunira | priya kalawan pawèstri | cahyanira sang kalih nawang sasangka ||

28. Ririh uluk-salamira | winangsulan sami ririh | ngacaran lênggah satata | anèng klasa pandhan wangi | mangkana sang Ayogi | ris wijiling pambagya yu | rahayuwa kang prapta | rahayu ing ngarsa wuri | paran baya karaya-raya panggiha ||

29. Wus nulya ngulari paran | kumudu dahwèning jisim | nyaruwe karya kang nistha | mèri karyaning acêplik | wong mudha sami kingkin | labêt saking tyasnya punggung | beda kang wus sampurna | panaul panak§ Prayoginipun / pana /. dumêling | têka (n)dadak lalayu karyaning jana ||

30. Lamun kamuktèning dunya | binujung anggung anêbih | kawibawan saminira | tan karya marêming galih | dadya têlêng prihatin | barubahing driyanipun | baya andrêng andadra | kalayu anandhang kingkin | sangsorarda wus mulya agolèk apa ||

31. Mangkana Sèh Amongraga | dupi miyarsa kang wangsit | sasmitanira sang Tapa | akarya rudahing galih | wus nyandhak kang ginusthi | tuhu risang pindha Wiku | waskitha saosiknya | wicaksanane sang Aji | saciptanya cinêda karya rubeda ||

32. Têmbunge para nujêmba | kang wus limpat ing pangèksi | sinamun wawangsonira | kacêtha sarasèng galih | Sèh Mongraga nanduki | kadhinginan karsanipun | dadya ris aturira | sêmu nalangsa dera-ngling | dhuh sang Tapa kalèngane wus waspada ||

33. Saosike sagung titah | wus tan samara sayêkti | satuhu Nata utama | Pandhita ingkang linuwih | marma bangkit nampèni | nurbuwah kukumahipun | nugrahanirèng Suksma | prabawa wus angimpuni | sahir kabir winêngku sajroning driya ||

--- 12 : 297 ---

34. Ing mangke prapta-manira | sakoloronsakaloron. lawan rabi | tuhu datan kalêmpitan | warananira Hyang Widdhi | sadaya wus kapusthi | nanging mangke kang kinayun | lamun paduka arsa | paring sarana sayêkti | ulun nêdya mangèstu darah paduka ||

35. Anambung datan sumêla | sabab paduka kaèsthi | pinèta dadya sarana | lantaranirèng dumadi | titah ingkang linuwih | mangsa kilapana tuhu | parasdyaning kasidan | paduka ing cipta-mami | mung sumarah sarèh paduka kewala ||

36. Sang Tapa mèsêm ing driya | dadya angandika aris | dhuh kisanak punapa-a | sanyata karsa puniki | mantêp cipta sayêkti | datan ajrih srananipun | tuhu sakit tinêmpah | tumama marang ing jisim | luwih lara laraning wong cuwa harda ||

37. Nanging maksih langkung lara | kadya angungudi dadi | dadinira mrih kasidan | dumadi janma utami | ingkang ginayuh ngèlmi | luwih sangsara pinangguh | nanging andrênging driya | datan rinasa kang sakit | yèn sanyata aywa sambat angrêsula ||

38. Mapan iku tinêmaha | saking karsanta pribadi | manira tan arsa-arsa | midana angsung sasakit | dosanira pinanggih | kukuming angga tumanduk | ing mangke karsanira | nêmaha arsa ngadoni | darah-ingong kalayu umadêg Nata ||

39. Iku tujune manira | amung arsa nambadani | punagi sajroning driya | singa ingkang nêdya apti | minta-sarayèng kami | sakawasa pan jinurung | amung wêling-manira | ajwa anunutuh benjang | mring manira manawa anêmu papa ||

40. Lan malih wêling-manira | lamun wus sêmbada benjang | jumênêng sri narendra |Kurang satu suku kata: yèn jumênêng sri narendra. ajwa kaduk nawung kibir | amawas angruhuni | ing pasthi dèrèng tumanduk | sahir kabir lampahnya | apan ta beda sakêdhik | yèn ing batin dèrèng kêna pinidana ||

41. Kalamun wus babarira | anèng pakartining lair | iku sêdhênge tampiya | pidananira sang Aji | kalamun dèrèng kèngis | kasamnadankasamadan. tindakipun | kalamun pinidana | dede kukucahing Aji | gagantungan anèng karsaning Pangeran ||

--- 12 : 298 ---

42. Sèh Mongraga duk miyarsa | sakèh wulange sang Yogi | sumanggêm sadayanira | tan ana ingkang tinampik | mangkana nauri aris |Lebih satu suku kata: mangkana nauri ris. pukulun sang maha Wiku | sadaya dhawuh-tuwan | sandika darma nglampahi | wus tinêmah sakèh cobanirèng lampah ||

43. Malih muwus sang Pandhita | marang tamune linuwih | dhuh ki-sanak piyarsakna | wêling-manira puniki | manira wus udani | putus-para ing pangawruh | wahyu ingkang nubuwah | katitik cahya kaèksi | papantêse jumunênga kang pandhita ||

44. Nununtun agama mulya | ngèlmu lair lawan batin | wus datan ana kuciwa | -para ing pamawas-mami | nanging para ing mangkin | têka (n)dadak kapiluyu | mamèt wahyu kukumah | apan arsa amumpuni | wahyuning Hyang ginulung dadiya tunggal ||

45. Mèri bêgjaning sasama | winih saking panas sêrik | lamun maksih nglabêtana | kang rasa panas sak-sêrik | dadya pamurung ugi | karan mungguhing ratu |Kurang satu suku kata: karana mungguhing ratu. sirna kamèrènira | sak-sêrik datan (n)darbèni | marmanira ing nguni manira karya ||

46. Ambêdhah mring ramanira | minulya (n)Jêng Sunan Giri | karana ana dosanya | nubuwahira kasilib | takabur ambêg êdir | sumêngguh angaku-aku | Asmane Kang Kawasa | amêngku kawasèng Aji | kang sinêbut Narendra Kalipatulah ||

47. Lamun Pangeran wus karya | wawakil Sri Narapati | pagene tan pinarcaya | ana malih kang ngayomi | nênggih ramanta nguni | kadya angakoni lugu | Pangeran kang kawasa | amêngku adil ing bumi | lah ta para surasane piyarsakna ||

48. Ing nguni ingkang ngong-patah | ambêdhah marang ing Giri | ipe-manira kawalakewala. | kang aran Pangeran Pêkik | mung sadarma lumaris | awit saking pakaningsunpakoningsun. | marma ing mangkya para | ajwaaywa. andunungi sêrik | mring kaipe Pangeran Pêkik sanyata ||

49. Mungguh ta wahyu kukumah | sasangganing Narapati | suci ngadil lawan trêsna | marang sagunging dumadi | tan mawi mèrang-mèri | marang wahyuning tumuwuh | kalamun tan

--- 12 : 299 ---

ngrubeda | marang jênênging Narpati | dènnira mrih adil ayuning bawana ||

50. Sang Nata wus apaparab | panêtêp agama suci | panuntuning janma mudha | amlasi marang kaswasih | tanapi amadhangi | pêpêtênge tyas puniku | marma mêngko manira | sisinglon umadêg Rêsi | anèng arga mung murih angayomana ||

51. Sagunging kang wadyabala | gung alit ingkang pra sami | kacingkrangan gêsangira | ing lair lawan ing batin | lêgawèng tyas nulungi | (ng)gwaningsun arsa mamayu | karya ayêming jana | warata ayu sabumi | yèn wus wikan para sami nyanggêmana ||

52. Sèh Mongraga duk miyarsa | sakèh dhawuhe sang Yogi | nalangsa atur mamêla | pukulun amba wus tampi | karsa-paduka sami | wus samapta badan-ulun | kalawan pun rubiyah | sumangga karsa sang yogi | tan (ng)grantêsa ing lara praptaning laya ||

53. Mara sumêdya anuta | sadhawuhira sang Yogi | kakalihnya wus sanega | sakarsa ulun tut-wuri | sang Nata angling aris | para wus pralêbdèng kewuh | ngarah amangun raga | angrasuk badan jasmani | anyipta-a malih jasmani sarana ||

54. Dadiya gêndhon samangkya | siji sèwang ingkang warni | apan dadya sarananya | manukma ring jasat-mami | para têmbea dadi | suta-manira kang jalu | ginadhang madêg nata | mijil saking pramèswari | rabinira dadiya gêndhon wanodya ||

55. Arsa sun-paringkên ika | ya marang Pangeran Pêkik | supadya darbeya suta | wanudya ayu linuwih | benjang dhaupa ugi | kadang nak-sanak puniku | para lan rabinira | dadya jatukrama malih | ing satêdhak mawor lan darah-manira ||

56. Gadgada sukaning driya | wau risang Amongragi | anolih mring rabinira | sasmita arsa nêkani | tanggap ingkang liniring | sakala amalih lwujudwujud. | dadya gêndhon kalihnya | jalu lawan pawèstri |Kurang satu suku kata: jalu kalawan pawèstri. ingkang jalu sêmu krêsna gêng sirahnya ||

57. Kang èstri alit sirahnya | ing ngarsa pan sêmu abrit | waspada wau sang Nata | kang gêndhon cinandhak aglis | winadhahan

--- 12 : 300 ---

anuli | saêrosing bumbung wuluh | amung srêg lêbêtira | kalangkung pêtêng jroning pring | nging tan sambat waspada pamawasira ||

58. Saksana sang Wiku-tama | wancinira bangun enjing | sigra umêsat sakala | wus prapta sajroning puri | nulya Subuh sang Aji | paragat sunating Subuh | dhikir ratibanira | byar raina nuli mijil | Sri Narendra kasmaran mulat ing garwa ||

722. Asmaradana

1. Bang-bang wetan sirat enjing | kumênyar sunaring surya | kadya kancana babare | rame swaraning kukila | wijah-wijah mawarna | lir nambrama wijilipun | pandaming kang prabudita ||§ Prayoginipun / pramudita /.

2. Asri sabawaning paksi | kang samya andon karoja | ramya amyang pangocèhe | thilang cocak miwah jalak | kathik johan kêpodhang | paparêngan uninipun | paksi anggungan bêkuran ||

3. Bêrkutut ngayêr anèng wit | drêkuku arang anèng pang | sumêla thêruk bêkure | ramening cèthi jro pura | kang samya amèt toya | wênèh adus raub |Kurang dua suku kata: wênèh adus sarta raub. kalawan mangun busana ||

4. Besusan angadi warna | kang sami arêbut endah | datan winarna solahe | wus watake para kênya | kang anèng jroning pura | karya asrining kadhatun | kang samya angendah warna ||

5. Kawuwusa Narapati | lênggah madyèng dhatulaya | ajajar lawan sorine | anulya dènnya anduta | cèthi kalih saksana | kinèn animbali gupuh | ing rayi Dyah Ratu Pandhan ||

6. Sakaliyan Pangran Pêkik | kinèn umanjing pura |Kurang satu suku kata: kinèn umanjing mring pura. cèthi kalih mundur lèngsèr | sang Nata malih ngandika | maring (n)Jêng Pramèswara | dhuh yayi manira mundhut | pagênèn karya bakaran ||

7. Anglo padupan prayogi | lawan bumbu asêm uyah | ingulêg lawan brambange | (n)Jêng Ratu nulya dhawah |Kurang satu suku kata: (n)Jêng Ratu anulya dhawah. marang Nyi

--- 12 : 301 ---

Mênggung Soka | sigra dènnira amundhut | tan dangu sumaos ngarsa ||

8. (n)Jêng Ratu matur wotsari | marang raka Sri Narendra | kadiparan ing karsane | paduka Nata mundhuta | pagênèn bumbunira | punapa ta karsanipun | dene tuhu nyala-wadya ||

9. Paduka duk wingi tampi | kang sêkar Wijaya-mulya | taksih rinimat ing mangke | punapa lamun adhahar | mawi bumbu binakar | dene kadya ulam tuhu | sang Nata ris angandika ||

10. Lah yayi pundhutna glis |Kurang satu suku kata: Lah yayi pundhutna aglis. kang sêkar Wijaya-mulya | saking Nusa Kambangane | jumênêng Ratu Kêncana | tan dangu wangsulira | ngaturkên cêmung cucupu | wadhahe Wijaya-mulya ||

11. Wus sumaos anèng ngarsi | cinandhak dhatêng sang Nata | binuka wau tutupe | kang sêkar maksih katara | wangsulkên tutupira | sinalahkênsinèlèhkên. anêng ngayun | anulya ris angandika ||

12. Marang garwa Pramèswari | dhuh yayi mundhut manira | wedang kang pangunjukane | pateyan sadhiyanana | cangkir catur manawa | arinira karo malbu | kinarya kang pasunggata ||

13. Kasaru ingkang umanjing | Ratu Pandhan marêk ngarsa | sakaliyan lon sêmbahe | sêmu gugup lêbêtira | dene enjing wus tampa | timbalane sang Aprabu | nulya wotsari mangarsa ||

14. (n)Jêng Ratu Pandhan turnya ris | pukulun paraning karsa | dene agita dhawuhe | animbali maksih enjang | maring amba kaliyan | langkung kumêpyur tyas-ulun | paran wigatining karsa ||

15. Manawi gêrah sang Aji | dene maruput sih enjang | duta tan sarèh lampahe | mèsêm angling Sri Narendra | arum wijiling sabda | dhuh yayi (m)bok aywa gugup | panggalih dèn-sarèhêna ||

16. Wruhanira sira yayi | ratri sun-supêna miyat | jalu-èstri wahyu kaot | kang jalu nêdya adadya | iku putra-manira | têmbe umadêga ratu | dene ta ingkang wanodya ||

17. Prasabên arsa umanjing | têmbe dadya yoganira | mijil wanita yêktine | jinodho lan putraningwang | marma iki manira | animbali sira gupuh | umanjing pura kaliyan ||

--- 12 : 302 ---

18. Arsa prasabên wak-mami | têmbe arsa bêbèsanan | aja na kongsi kasupèn | (n)Jêng Ratu Pandhan sakala | lêjar sumèhing nitya | dadya aris aturipun | pukulun sumanggèng karsa ||

19. Lamun ta tuhoning wangsit | bêgja kamayangan amba | antuk pratiknya sang Katong | arsa bêbèsanan mulya | punapa suminggaha | datan gumingsir satuhu | manira atadhah karsa ||

20. Mangkana wau sang Aji | ngandika malih pan sarya | angunus bumbung wuluhe | sinêlap anèng ing madya | Narendra ris ngandika | mring Pangran Pêkik ing ngayun | dhuh yayi ana wahana ||

21. Kang wujud wahyu kaèksi | iki rupane sanyata | gêgêndhon kalih warnane | siji sewang binuktiya | sira lawan manira | aywa kongsi ragu-ragu | manawa dadining sêdya ||

22. Bumbung sinuntak gya mijil | anèng bumbu asêm uyah | lawan barambang lalangèn | ing wadhah piring kancana | wau ta duk tumingal | Pramèswari lan (n)Jêng Ratu | mring gêndhon kagyat lumajar ||

23. Tanpa tata angabêkti | kesah dinadak sru gila | bubar sagung pawongane | lumayu akitrang-kitrang | kirig-kirig magila | datan wantala andulu | warnane gêndhon samana ||

24. Wau sang Nata kang kari | kalawan ipe-narendra | Pangran Pêkik nèng ngarsane | hèh yayi mangkya surupa | iki gêndhon karonya | pawèstri kalawan jalu | kadadyan manungsa tama ||

25. Kang arsa umanjing siwi | sira kalawan manira | siji sèwang pangalabe§ Prayoginipun / pangalape /. | ingsun dhihin kang ngalappa | amiliha ingkang priya |Lebih satu suku kata: miliha ingkang priya. Pangran Pêkik aturipun | amung sumangga karsèndra ||

26. Sang Nata nulya anyapit | supit salakaning wangwa | kang gêndhon sinapit age | amilih gêndhon kang priya | sirah sinapit sigra | binakar ana ing latu | padupan sumaos ngarsa ||

27. Sasambate mêlas asih | molak-malik solahira | karêkêlan ing panase | dhuh Gusti langkung panasnya | kadi api naraka | baya tan kawawa ulun | nahên panasing pawaka ||

--- 12 : 303 ---

28. Nata angandika aris | lah paran ingsun wus mojar | marang sira sayêktine | wus nulyamulya. amamrih papa | saking kamurkanira | datan narima ing pandum | wruhanta sakèhing karsa ||

29. Samya anrang ing pangèsthi | ujarira wus prasètya | lara pati anut bae | pagene têka sasambat | amung gênining dunya | datan sapira kang apyu | tan paja api naraka ||

30. Mèh matêng pinanggang agni | kang gêndhon malih wacana | kararantan ing ature | dhuh Gusti lamun sambada | kaparêng ing karsendra | ulun arsa pindhah wau | marang ing Wijayamulya ||

31. Datan wantala wak-mami | nahên panasing pawaka | sang Nata ris andikane | prayoga nanging tilara | wujud gêndhon kang warna | mring sêkar Wijaya-arum | samana wus matêng sigra ||

32. Gêndhon dhinahar sang Aji | anulya dhahar kang sêkar | Wijaya-kusuma age | wus anukma yitmanira | wau Sèh Amongraga | marang rahsane Sang Prabu | mangkana gantya kocapa ||

33. Sang Nata maringkên nuli | mring Pangran Pêkik saksana | anglo kalawan gêndhone | anulya sinapit sigra | pinanggang nèng pawaka | angiyêng tangis kaprungu | sêsambat lir calapita ||

34. Angrês ingkang amiyarsi | sasambatirèng wanodya | kadya anandhang kaninne | ananging sigra sinêngka | nênggih pambakarira | saksana gêndhon wus lampus | nulya dhinahar wus têlas ||

35. Wus paripurnaning kardi | sang Nata nulya dhadhawah | kinèn ngundurêna age | anglo miwah panjangira | kantun ingkang pateyan | kinèn animbali gupuh | Pramèswari sigra prapta ||

36. (n)Jêng Ratu Pandhan tan kari | kalih wus umarêk ngarsa | Nata aris ngandikane | lah pagene padha lunga | lumayu kitrang-kitrang | (n)Jêng Ratu nêmbah umatur | pukulun atadhah duka ||

37. Saking tan wantala mèksi | marang kakalih kang warna | kang gêndhon langèn solahe | anèng bumbu munggèng panjang |

--- 12 : 304 ---

kalihnya karêjotan | amba karasa (n)jangkêrut | kang angga kadya kasrêpan ||

38. NuriNuli. ring angga waradin | datan datan sagêd angraosna |Lebih dua suku kata: datan sagêd angraosna. (n)Jêng Ratu Pandhan ature | tan prabeda lir mangkana | rasaning kang sarira | sang Nata ngandika arum | iya wus datan ngapa-a ||

39. Wus paripurna kang kardi | sira ro sami ngacaran | parêng angunjuk wedange | ing watara lênggahira | ari nulya liningan | kalilan wangsul akondur | wus nêmbah lèngsèr kalihnya ||

40. Ratu Pandhan Pangran Pêkik | undure saking jro pura | anggung rarasan kalihe | sarwi ascaryaning driya | antuk dhawuh pratignya | arsa bèsanan ing pungkur | (n)dhèrèk nêrahkên narendra ||

41. Kawarna-a Narapati | ing ratri sare lan garwa | dadya Sori (ng)garbinine | Pangran Pêkik miwah garwa | Ratu Pandhan samana | adrênging driya salulut | wus (ng)garbini sasarêngan ||

42. Sinigêg wuryaning kawi | Sêrat Cênthini carita | makatên ing puwarane | rancaganing kang carita | babaring para putra | putra Nata mijil jalu | ginadhang gumnatyènggumantyèng. Nata ||

43. Ratu Pandhan ingkang siwi | mijil wanita yu-endah | pinacang awit timure | pinundhut anèng jro pura | praptèng mangsa diwasa | anulya putra dhinaup | atut rukun kalihira ||

44. Karya sukaning Narpati | miwah ibu Pramèswara | tanapi Ratu Pandhane | mantunira wus dinadya | Pangran-dipati nama | sasurude sang Aprabu | agya gumantyèng Narendra ||

45. Sambada ing warna pêkik | duk Nata jumênêngira | sampun puputra priyane | wau risang Rajaputra | madêg Pangran-dipatya | mangkana wau sang Prabu | ngubalakên kaelokan ||

46. Kawaspadaning pangaksi | kèh wadya punggawanira | ingkang pinidana mangke | winawas darbe tyas cidra | wênèh ingkang culika | ana cêlak pêjahipun | ginege kukum Narendra ||

--- 12 : 305 ---

47. Saya dangu sang Narpati | adrêng dènnya amidana | mamati mring punggawane | horêg sanagri Mataram | papatih lan nayaka | makêtêr tyas asmu giyuh | wingwrin karsane Narendra ||

48. Datan (n)dungkap ing karsa Ji | mangkana sang Rajaputra | ginubêl ing punggawane | kawêkèn pangrèhing tata | ajrih matur ing rama | dadya tyas karya panamun | amatah santananira ||

49. Trunajaya kang piniji | mangetan madêg karaman | sinung nawala karsane | angegeanggege. ing rama Nata | saking èmênging driya | para bupati wetan sayuk |Lebih satu suku kata: pra bupati wetan sayuk. rinèh dening Trunajaya ||

50. Mangulon (m)bêdhah nagari | Mataram dadya bêdhahnya | sang Nata mangkya linggare | mangilèn marang Toyamas | lawan putra kalihnya | Pangran-dipati tut-pungkur | tan arsa kinèn ngrêbata ||

51. Nênggih ing Mataram nagri | dadya sumèrèn arinya | Pangran Pugêr wangsul age | angrêbat nagri Mataram | anundhung Trunajaya | wus madêg jujuluk Prabu | (n)Jêng Sunan Pakubuwana ||

52. Anèng Mataram nagari | kawuwusa Sri Narendra | ingkang linggar ing lampahe | mung lawan putra sajuga | nênggih Pangran-dipatya | nèng Banyumas sang Aprabu | nandhang gêrah têkèng seda ||

53. Sumare nèng Têgalwangi | mangkana wêkasanira | ing nguni mangka wêlinge | (n)Jêng Sultan mindha Tapa |Kurang satu suku kata: Kangjêng Sultan mindha Tapa. patraping kang Narendra | kukumira sang Aprabu | atilar pitungkasira ||

54. Midana wadya kang silib | dèrèng kababaring dosa | têmah karya ing gègère | dadya satru lawan putra | binêdhah Trunajaya | katiwang-tiwang sang Prabu | sedanira anèng paran ||

55. Titi tamat ingkang tulis | têlas ingkang cinarita | Sèh Mongraga lalakone | kongsi umadêg narendra | kendhang têkèng pralaya | karan Sunan Têgalarum | kapisah sumarenira ||

--- 12 : [0] ---

...

--- 12 : [0] ---

...

--- 12 : [0] ---

...

--- 12 : [0] ---

INGKANG NGGARAP LAN NGÊDALAKÊN SÊRAT CÊNTHINI LATIN

[Grafik]

KAMAJAYA, punika sêsinglonipun Haji Karkono Partokusumo, pemimpin umum Usaha Penerbitan Indonesia sarta pangarsaning Yayasan Cênthini ing Yogyakarta.

Pangangkahipun Sêrat Cênthini ingkang isi bab sadaya Pangawikan/Kabudayan Jawi (Ènsiklopèdi Kabudayan Jawi), sagêda kawaos dening ngakathah, langkung-langkung para mudha ingkang sampun botên paham aksara Jawi, jêr dèrèng wontên Cênthini ingkang Latin jangkêp satamatipun.

Kamajaya, inggih Karkono Partokusumo lair tanggal 23 Nopèmbêr 1915 ing Surakarta, sêkolah MULO sarta Taman Guru Taman Siswa. Wiwit taksih sêkolah, sampun rêmên ngarang, wêkasan ngayahi dados wartawan nasional, rêdaktur majalah Pustaka Timur lan Mustika ing Yogyakarta (1939), lajêng 'Percaturan Dunia dan Film' ing Jakarta, ngrangkêp rêdaktur Berita Umum, sêrat kabaripun Parindra (1939-1942) wakil pêmimpin rêdaksi 'Rakyat' (1945-1946).

Ing pergerakan nasional: Ketua IM Sala, Sekretaris Parindra Sala, Komisaris Surya Wirawan Jateng, Sekretaris Dep. Pengajaran Parindra, anggota PB Parindra (1936).

Ing jaman Jêpang rêdaktur harian 'Asia Raya', lajêng ing bagian pênêrbitanipun. Ing tahun 1943-1945 mimpin Sandiwara Caya Timur kalihan Anjar Asmara lan Ratna Asmara. Cariyos Sandiwara karanganipun 'Solo di Waktu Malam' kadadosakên buku (1950) tuwin film (1954). Buku karangan sanèsipun 'Sum Kuning' (1971) tuwin buku 'Perawan Desa' (1981) kaolah dados film.

Ing jaman revolusi phisik wontên ing Sala, mimpin PNI, Staf Divisi Barisan Banteng, lajêng kalêbêt staf TNI Brigade XXIV (1946-1948).

Taun 1948 nindakakên ayahan nylundupakên candu dhatêng Singapore kalihan Tonny Wen lan Subêno. Asilipun kangge wragadipun perwakilan RI ing Mancanagari, tumbas sênjata lan pêrcetakan. Sasampunipun uwal saking pambujungipun Walandi lan Inggris ing Singapore tuwin Bangkok, wangsul dhatêng Yogyakarta akhir Nopèmbêr 1949, katungka Yogya dipun jègi Walandi. Salajêngipun aktip ing politik (PNI, Akting Ketua DPRD-DIY, anggota Konstituante), ekonomi (Ketua KENSI, Konggres Ekonomi Nasional Seluruh Indonesia), sastra budaya (ngarang, cêramah, sarasehan ngantos tumut mandhegani Lembaga Javanologi/Yayasan Panunggalan).

Buku karanganipun basa Indonesia lan Jawi langkung 30 judhul. Kêkesahan dhatêng luar nêgêri: Mêsir (1958, Delegasi Ekonomi RI), Amerika Serikat (grant) lan kêliling Eropa (1959-1960), dhatêng Kuala Lumpur, Malaysia (1963), Ibadah dhatêng Mêkah 1958 (Umroh) tuwin Haji 1974.

Taun 1986 dipun sahakên dados Perintis Kemerdekaan (SK Mensos RI 3-5-1986 No. Pol/V/5/1986/PK.)