Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 1/1)

Katalog:Centhini, Soeradipoera, 1912, #998
Sambung:
1.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 1/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1112.
2.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 1/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1113.
3.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 1/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1114.
4.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 1/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1115.
5.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 1/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1116.
6.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 2/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1117.
7.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 2/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1118.
8.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 2/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1119.
9.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 2/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1120.
10.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 2/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1121.
11.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 3/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1122.
12.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 3/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1123.
13.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 3/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1124.
14.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 3/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1125.
15.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 3/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1126.
16.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 4/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1127.
17.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 4/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1128.
18.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 4/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1129.
19.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 4/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1130.
20.Centhini, Soeradipoera, 1912, #998 (Jilid 4/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1131.

SERAT TJENTHINI

Babon asli saking kitha LEIDEN ing nêgari Nederland.

Kalêrêsakên dening R. Ng. SOERADIPOERA, kabyantu ing R. Poerwa soewignja kalian R. Wirawangsa, mawi dipun-bubukani dening R. M. A. SOERJA SOEPARTA, juru basa ing nêgari Surakarta.

KAWÊDALAKÊN KALIAN WRAGADIPUN

Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen

ING NÊGARI BÊTAWI.

JILID I-II.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun firma RUYGROK & Co., BÊTAWI 1912.

--- [V] ---

Katrangan minangka bubuka.

Saèstunipun para maos botên kakilapan bilih ing Bêtawi wontên pakêmpalan ingkang kawastanan "BATAVIAASCH GENOOTSCHAP VAN KUNSTEN EN WETENSCHAPPEN." Mênggah tujuning sêdyanipun pakêmpalan wau, angajêngakên dhatêng pamarsudining basa sarta kawruh bab kawontênanipun têlatah INDIA NEDERLAND, tuwin bab kawontênanipun sawarnining bangsa ingkang asli tanah India Nederland; para prayagung Wêlandi sarta Jawi, saha para tuan mardika tuwin para luhur Jawi, kathah ingkang sami kêparêng mêrlokakên dados warganipun.

Adêgipun pakêmpalan BATAVIAASCH GENOOTSCHAP van KUNSTEN en WETENSCHAPPEN punika dumuginipun samangke wêtawis sampun 150 taun, dados wiwit nalika tanah India dèrèng kaasta ing kangjêng Gouvernement, taksih kawêngku ing KUMPÊNI (OOST-INDISCHE COMPAGNIE), sarta sami-sami pakêmpalan ing tanah India, GENOOTSCHAP wau pancèn sêpuh piambak, sanadyan katandhinga kalian sêdaya pakêmpalan satlatah Asia wetan, GENOOTSCHAP mêksa taksih sêpuh piambak.

Wiwit adêgipun dumugi samangke inggih punika mèh 150 taun, sampun kathah sangêt anggènipun GENOOTSCHAP angwêdalakên sêrat-sêrat ingkang isi kawruh bab kawontênanipun têlatah India Nederland tuwin bab kawontênanipun bangsa ingkang asli tanah India Nederland, sarta sêrat-sêrat wau agêng sangêt paedahipun tumrap para pangrèh praja, dene ngêwrat carios bab adat tata caraning bangsa ingkang kalêrês dados wawêngkoning paprentahanipun.

Kêjawi punika GENOOTSCHAP sakêlangkung anggènipun ambudi supados ingkang sami rêmên ulah kasusastran Jawi sami mindhaka ing pamarsudinipun. Mênggah anggènipun ambudi murih indhaking pamarsudinipun basa tuwin kasusastran Jawi wau, GENOOTSCHAP mawi sêrana angwêdalakên sêrat Jawi tuwin Kawi, punapa dene anggitan warni-warni, ingkang nêrangakên utawi anggêlarakên waton-watoning kasusastran Jawi, kawragadan saking GENOOTSCHAP piambak, dene cacahing sêrat-sêrat bab kasusastran Jawi ingkang sampun kêlampahan kawêdalakên dening GENOOTSCHAP wau, dumuginipun samangke inggih sampun kathah.

Kêjawi punika GENOOTSCHAP ugi anglêmpakakên sela-sela ingkang wontên sastranipun buda tuwin rêca-rêca ingkang sae wêwangunanipun, sarta blebekan kuningan ingkang wontên sastranipun miwah sêrat-sêrat kropak, sêdaya wau karimatan ing Bêtawi wontên ing gêdhong MUSEUM (GÊDHONG GAJAH).

Ing saupami botên kaklêmpakakên mêkatên, barang-barang wau têmtu pating blêsar

--- VI ---

botên kantênan panggenanipun, sarta badhe risak utawi ical tanpa lari, kados dene sanès-sanèsipun barang yayasan nalika jaman Kabudan ingkang sami botên karimatan; sarêng sêdaya wau karimatan dening GENOOTSCHAP, dumugi sapriki inggih taksih sami sae sarta kenging kangge pasêksèn mênggah awiging pakirtyan saha adining yayasanipun bangsa Jawi nalika ing jaman sêmantên.

Kita tiang Jawi ing jaman kamajêngan sapunika ingkang niat anjunjung bangsa kita saking anggènipun asor, sarta niat angajêngakên saking anggènipun kantun kalian bangbangsa. sanès, kita wajib angaturi panuwun dhumatêng BATAVIAASCH GENOOTSCHAP, jalaran saking anggènipun sampun purun mêrlokakên anglêmpakakên barang kina wau, ingkang anyihnakakên kêlangkunganing kasagêdan tuwin agênging kawibawanipun bangsa Jawi nalika ing jaman Kabudan. Awit saking punika ing mangke kita sagêd nimbang kawontênanipun bangsa Jawi nalika jaman sêmantên kalian kawontênanipun bangsa kita ing jaman samangke, sarta ingkang mêkatên wau aminihi tuwuhing pangajêng-ajêng kita ing dalêm batos, pinarêngna kasêmbadan ing sêdya kita anggèn kita niat ngangkah sagêda bangsa kita Jawi kadunungan kêlangkunganing kawruh malih kados nalika ing jaman kina, tuwin sagêda bangsa kita kadunungan santosaning manah sarta bangkit iasa dêdamêlan ingkang adi saha endah ing warni kados lêluhur-lêluhur kita ing jaman kina-kina.

Mênggah ingkang dipunklêmpakakên BATAVIAASCH GENOOTSCHAP wontên ing salêbêting gêdhongipun MUSEUM, punika botên ngêmungakên barang dêdamêlanipun bangsa Jawi ing jaman Kabudan kemawon, ugi barang dêdamêlan sapêngkêripun jaman Kabudan wau, kados ta: rimatanipun sêrat-sêrat Jawi kemawon wêtawis wontên 1400 iji; wontên ingkang kasêrat ing dlancang gêndhong (dlancang Panaraga), tuwin wontên ingkang kasêrat ing dlancang limrah, sarta isi bab warni-warni ingkang mratandhani gênging kamulyanipun kasusastran basa Jawi, (sapêngkêripun jaman kasusastran Kawi) nalika jaman sêmantên; ananging satilaripun donya Radèn Ngabèhi Ranggawarsita, pujangga ing kêraton Surakarta, utawi sasedanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara ingkang kaping sêkawan, kasusastran Jawi lajêng kenging kawastanan risak sarta babar pisan mèh botên kamanah dening bangsa kita Jawi ngantos dumuginipun ing jaman samangke punika.

BATAVIAASCH GENOOTSCHAP ing sabên kala mangsa angêcapakên sêrat Jawi sarta lajêng kawêdalakên; mênggah kêrêp utawi awisipun anggèning GENOOTSCHAP angêdalakên sêrat Jawi wau, gumantung wontên kathah kêdhiking arta bandhanipun Genootschap, dene sêrat ingkang kawêdalakên punika pamilihipun manut sapanimbangipun Genootschap, awêwaton saking saening carios, luwêsing ukara, utawi sabab sanès-sanèsipun.

Ing mangke ingkang kalêrês kapilih kawêdalakên inggih punika SÊRAT CÊNTHINI, kaêcap miturut sêrat CÊNTHINI ingkang wontên ing Bêtawi, tatêdhakan saking babon sêrat CÊNTHINI pisungsung saking kêraton Surakarta, ingkang dumunung ing UNIVERSITEITS-BIBLIOTHEEK (gêdhong sêrat-sêrat ing pamulangan luhur) ing kitha LEIDEN bawah nêgari Wêlandi, klêmpakipun sêdaya wontên cacah wolung jilid.

--- VII ---

SÊRAT CÊNTHINI punika anyariosakên lêlampahanipun SÈH AMONGRAGA nalika lêlana anjajah tanah Jawi; mênggah lêlampahanipun SÈH AMONGRAGA wau botên prêlu kula andharakên wontên ingriki, awit para nupiksa têmtu sampun kathah ingkang sami ngauningani; dene ingkang sami dèrèng uninga mugi lajêng kêparênga maos sêrat punika. Ananging mênggah isinipun sêrat CÊNTHINI ingkang prêlu karaosakên sangêt dening para nupiksa, punika sanès lêlampahanipun SÈH AMONGRAGA, nanging andharanipun ngèlmu Jawi tuwin têturutanipun kawruh kasampurnan Jawi, sanadyan para sarjana bangsa Europa, ing wêktu punika kathah ingkang sami mêrlokakên ngudi dhatêng sêsorahanipun ngèlmu tuwin kawruh kasampurnan Jawi, jalaran ngèlmu Jawi punika pancèn kalêbêt èdi, mila inggih pantês kapêrlokakên dipunparsudi.§ Ngèlmu Jawi punika mênawi katimbang kalian ngèlmu Grick utawi ngèlmu Hindhu, kacarios taksih kawon èdi, sarta salugunipun pancèn pêthikan saking èlmu Hindhu, ananging sarèhning kula botên sumêrêp dhatêng ngèlmu Grick utawi ngèlmu Hindhu, dados kula inggih botên sagêd nimbang; mila botên langkung kula inggih namung amborongakên dhumatêng para nupiksa ingkang sampun sami nguningani dhatêng sêsorahaning ngèlmu-ngèlmu wau.

Saèstunipun bangsa kita Jawi wajib suka sukur ing manah dene bangsa sanès sami gadhah cipta mêrlokakên anyumêrêpi dhatêng ngèlmu kita; ingkang mêkatên wau sampun têmtu badhe nambahi dhatêng adrênging sêdya kita anggèn kita niat marsudi kawruh, inggih sadhengah-dhengaha kawruhipun, dados sanadyan kawruh kina ingkang tumrapipun jaman samangke kaanggêp sampun botên kangge, kita inggih wajib amarsudi, jêr sêdaya pamarsudining kawruh ing wêkasan têmtu badhe dipunaosi dening sanès bangsa sarta badhe sagêd mimbuhi dhatêng pitadosing manahipun sanès bangsa, bilih darbèking Jawi ingkang kawastanan sae, punika pancèn botên sakêdhik.

Bok mênawi bangsa kita Jawi kathah ingkang sami kagèt, dene BATAVIAASCH GENOOTSCHAP anggènipun ngêdalakên sêrat CÊNTHINI punika kaêcap mawi AKSARA WÊLANDI (Latijn) botên mawi AKSARA JAWI; ingkang suwau kula piambak ugi kagèt, pangudaraosing manah kula, punapa aksara Jawi punika pancèn kaangkah supados saya dangu saya botên kangge, sarta sêlot-sêlotipun sagêda sirna babar pisan; wusana sarêng kula ngingsêp wartos, katranganipun anggèning BATAVIAASCH GENOOTSCHAP angêdalakên sêrat CÊNTHINI mawi aksara Wêlandi punika botên pisan sumêdya badhe angicali aksara Jawi, awit ingatasipun prakawis basa, utawi têmbung sapanunggilanipun, punika bab ewah utawi icalipun gumantung wontên kajêngipun bangsa ingkang anggadhahi piambak, sanès bangsa botên wajib tumut-tumut, mila Genootschap inggih badhe botên munasika prêkawis punika. Dene wontênipun GENOOTSCHAP angwêdalakên sêrat Cênthini mawi aksara Wêlandi, punika amung saking angèngêti wragad; mênawi sêrat CÊNTHINI wau kaêcap mawi aksara Jawi, prabeaning pangêcap badhe awis sangêt, mèh tikêl kalih, sarta pangêcapipun badhe langkung dangu; kêjawi punika sarèhning aksara Wêlandi kenging katindakakên kangge nyêrat basa Jawi wah botên ambibrahakên [ambibrah...]

--- VIII ---

[...akên] têgês utawi suraosing têmbung, punapa malih sarèhning sêdaya tiang Jawi ingkang sampun sinau ing pamulangan kenging katamtokakên sami mangêrtos dhatêng aksara Wêlandi, dados têmtu botên badhe kangelan maos têmbung Jawi ingkang kasêrat mawi aksara Wêlandi. Mila saking pamanggihipun GENOOTSCHAP, sêrat CÊNTHINI punika prayogi kaêcap mawi aksara Wêlandi, bok mênawi ugi badhe wontên paedahipun tumrap para Wêlandi kabudidayan tuwin sanès-sanèsipun, ingkang namung lêbda dhatêng pawicantênan têmbung Jawi, sagêd nuwuhakên kapengining manahipun sumêdya badhe nyumêrêpi dhatêng suraosing sêrat Jawi, dene sagêd maos kalian gampil.

Sarèhning sêdyanipun BATAVIAASCH GENOOTSCHAP punika namung badhe ngajêngakên kasusastran botên ambujêng bathi, pramila rêginipun sêrat CÊNTHINI punika kadamêl mirah, prêlu namung murih wangsuling wragad.

Awit saking punika bangsa kita Jawi wajib sami angaturi panuwun dhumatêng BATAVIAASCH GENOOTSCHAP, dene sampun kêsdu angêdalakên sêrat CÊNTHINI jangkêp wah kanthi argi mirah, ing mangke sêrat CÊNTHINI saèstu badhe kêlampahan sagêd sumêbar, botên kados ing suwaunipun, sêrat Cênthini botên nate sagêd jangkêp wah taksih sêratan tangan, sarta ingkang gadhah namung satunggal kalih, punapa malih wêdalipun sêrat CÊNTHINI punika botên ngêmungakên badhe migunani dhatêng pangudining kawruh kemawon, ananging ugi badhe maedahi ingakathah, dene ingkang sami sumêdya nyumêrêpi dhatêng èdining kawruh Jawi, sapunika sampun botên kèwêdan anggènipun badhe minangkani.

Awit saking ingkang kasêbut inginggil wau sêdaya, andadosakên suka sukuring manah kula, dene kula pinitados dening BATAVIAASCH GENOOTSCHAP adamêl katrangan minangka bêbukaning sêrat Cênthini ingkang kawêdalakên sarambahan punika, sarta agênging manah kula pindha wukir Mahamèru, dene rumaos katuju ingkang dados pangèsthining sêdya, pramila botên ketang badhe dados gêgujênganing para sarjana dening sigug gingsuling ukara, inggih saèstu kula têmah. Wusana rampunging panyêrat ingkang kasêbut inginggil, lêganing manah kula tanpa upami, dene rumaos sampun sagêd anglêksanani punapa ingkang dados panêdhanipun Genootschap, ingkang sampun kapitadosakên dhumatêng kula, juru basa Jawi.

pun SOERJA SOEPARTA.

SURAKARTA, Juni 1912.

--- [1] ---

Tjênthini I.

1. DhandhanggulaDalam teks asli seluruh nama pupuh selalu diawali dengan: Zang; dichtmaat:.

1. purwaning rèh manising palupi (1) | Rêspatyènjang nujwa gathitastha | RuahRuwah (dan di tempat lain). ping tiga likure | ing Dal mangsa kasèku | sinêngkalan atata rêsi | apan amulang jalma |Sengkalan: atata rêsi apan amulang jalma (Kêmis, 23 Ruwah 1775 A.J., Kamis, 5 Agustus 1847 A.D.). nênggih kang dhinapur | amarna rikang carita | duk prang Giri awusana soring jurit | têmah kithane bêdhah ||

2. sarusake wau kithèng Giri | Jêng Pangeran Pêkik kang ambêdhah | garwa putra sêdayane | binoyong mring Matarum | tapis rajabrana ing Giri | tuwin kang rajakaya | binêktèng Matarum | wadya lit rusak jinarah | kunêng wontên putra sing ampean katri | apan atunggil rena ||

3. ingkang sêpuh wasta Jayèngrêsmi | wontên malih arinipun priapriya (dan di tempat lain). | Jayèngsari panêngrane | kalih samya abagus | apan sami jatmika kalih | pan samya ahli tekad | ing ngèlmi takabul | warujunipun wanodya | apaparab wau Nikèn Rancangkapti | warna ayu utama ||

4. cinatur duk bêdhahirèng Giri (2) | putra titiga wau punika | sami nis tilar prajane | wong Mataram datan wruh | mring putra tri dènyadènnya (dan di tempat lain) [kata yang diakhiri konsonan 'n' bertemu dengan akhiran 'nya' atau 'nèki' penulisannya 'nn']. lumaris | sami arêbat gêsang | ing purug tan ngumpul | kalangkung kawêlas arsa | pan mangilèn parane Dyan Jayèngrêsmi | kêkalih rencangira ||

5. de kang rayi Radèn Jayèngsari | apan mangetan ing lampahira | tan pisah lawan arine | Kèn Rancangkapti wau | dahat dening kawêlas asih | panakawane juga | Buras wastanipun | panakawane kang rama | datan pisah sapurug dènya lumaris | sajuga ingkang milya ||

6. kikinthil tan kêna sah lan gusti (3) | pan pun Buras kang abdi wastanya | kacatur wau lampahe | langkung kawêlas ayun | Rancangkapti anggung anangis | ingkang raka sangsaya | pucaking tyas pupus | tumingal ing arinira | kinèn gendhong mring pun Buras ingkang abdi | yèn sayah ginêntosan ||

7. pan wus ilang wanguning priayipriyayi (dan di tempat lain). | ya ta radèn ngangin-angin warta | yèn jêng sultan ing karsane | têntrêm tan karsa anglud | mring sêntana putra ing Giri | kang sampun tan kêcandhak | kang anis rumuhun | radyan eca ing tyasira | ya ta mulat sêmana ningali wukir | langkung asri kawuryan ||

8. de wit-witan anganggrang nèng nginggil | taru gênggêng kang apuyuh dênta | amêpêki sawarnine | ingkang pala gumantung | tuwin sêkar-sêkar mawarni | ran wukir Sokayasa | dene kang pilungguh |

--- 2 ---

Sang Pandhita Anggungbrangta | ingkang tumut wisma rong desa watawis | sami sêntananira ||

9. kasub lamun pandhita linuwih (4) | nênggih Kyai Gêdhe Anggungbrangta | bantas ngiwa panêngêne | kathah wong agung-agung | ingkang samya angalap ngèlmi | darbe putra satunggal | jalu tur binagus | nanging dèrèng mawi krama | duk timure kang rama sinung kakasih | Mas Ngali nging tan karan ||

10. sarêng diwasa dipun parabi | mring kang rama kae Mas Cêbolang | katêrah§ prayoginipun: katêlah. diwasa rane | nanging pugal kêlangkung | nora kêna bathuk kêlimis | langkung dening bêlasar | mring panggawe dudu | kathah prawan lan somahan | wong ing ngare tan gethang§ prayoginipun: gothang. ing siang ratri | minggah marang aldaka ||

11. panggih lawan Mas Cêbolang sami (5) | mring pondhoke rinewangan cumban | pan wus sinung wismèng dhewe | lèring wisma ramèku | miwah§ langkung 2 wanda, kabucal: miwah. yèn mring ngare rama marêngi | ana wong angon menda | maesa lan lêmbu | rencange kinèn sung sêga | lan gadhubêg winoran kacubung sami | kang sinungan tan nyana ||

12. lamun gadhublêge dipunmo§ langkung 1 wanda, kabucal: mo. mori | sawusira mangan nulya niba | dene lêmbu sakathahe | lan mendane jinuput | niji-niji nora kêtawis | praptèng wisma pinragat | dinum santri agung | winartan gènipun tumbas | apan asring kang rama sinrêg ngilèni | mring kang darbe maesa ||

13. nora mantra putrèng pandhita di | pan wus surup ngèlmu kasampurnan | prandene dèn mamah bae | langkung sèwu dalurungdalarung. | kang ramanggung dènya dukani | tinundhung pinêlalah | bêktèng santri catur | wus sêdasa wulan kentar | anuruti dènya pralènthe sayêkti | ngumbara barang trêbang ||

14. wus anurut tanah ing pasisir (6) | malah wus bêngang ping pira-pira | saking kêkathahên ronggèng | nèng Sidayu kinêpung | andhêmêni bojoning santri | kesah marang ing Daha | mondhok wismanipun | Ki Jamal pangulu Daha | dhasar kathah santrinira Ki Jamali | Ki Jamali sru bungah ||

15. mring sang prapta wus sinung wismèki | santrinira Ki Jamali samya | mring kang prapta langkung sihe | arênês cangkêm karut | yèn kalane dipun suruhi | ginawe pakaulan | pangantèn tan atut | kaul nanggap Mas Cêbolang | yèn lumampah kathah§ ing babon: kantos. santri§ kirang 2 wanda, katambahan: ingkang. ngiring | santrine dhewe papat ||

16. bêbêktane duk kesahe nguni (7) | mung punika kang ginawe tandhak | kapat parigêl bêksane | tur wong wus samya surup | lamun ronggèng lanang sayêkti | prandene nèng kêrêngan | kwèh suduk-sinuduk | nênggih wong lakon sadina | yèn miarsamiyarsa (dan di tempat lain). Mas Cêbolang dèn suruhi | dhangan prasamya prapta ||

17. nanging wong cilik datan kuawikuwawi. | anyuruhi marang Mas Cêbolang | saking tan kêlar opahe | langkung gung sajènipun |

--- 3 ---

yèn bêbasanbeberan. rongpuluh anggris | marma arang kang kêlar | nanggap sabab agung | lan bêktane santri kathah | yèn wong cilik arang kêlar angingoni | dhangan nonton kewala ||

2. Sinom

1. ya ta anuju sêmana (8) | bupatine darbe kardi | puput dènya darbe putra | duk kala garwèng nyakiti | dhukun kathah samya ngling | sok lujênga darbe kaul | ngundang Ki Mas Cêbolang | mangka rahayu marmaning | animbali marang panjak Mas Cêbolang ||

2. anuju wulan purnama | lir rahina padhangnèki | badhene wetan pêndhapa | ênggène ananggap singir | pêpak sajèn mawarni | sêkar konyoh lawan kutug | sêkul tumpêng mêgana | warni pasar amêpêki | salawate nèng sajèngsajèn. salawe real ||reyal (dan di tempat lain).

3. rolas wadhah samya dhulang | lialiya (dan di tempat lain). ancak lawan cêthing | miwah bokor gêlas talam | sêdaya dipun sasabi | sinjang sêkaran warni | bathik lurik lawan wulung | myang karukub kurungan | kang sinjang mawarni-warni | padhang bulan binantonan obor sanga ||

4. myang kang saos pêlataran (9) | patih mantri lan prajurit | pandam ting parik tinata | dènya lênggah kya dipati | ngêdhangkrang anèng kursi | pinggir pêndhapi gènipun | cênela kinêmbang mas | pantês ngagêm nyamping bathik | nagasari jinêmbangan latar pêthak ||

5. paningsêt cindhe jo bara | rasukan blah bantên asri | sêmbagya lus kapuranta | corake kêmbang pinêthik | kotang kancing mirah brit | peniti jangga intên byur | dhuwung ganja kinathah | ing intên mirah tulya sri | kuluk cêmêng baludru rinenda ing mas ||

6. kumbalanya kêkêtugan | sumping sêkar hèr rinukmi | abagus pupuk sêmbada | lir kêlana angêjawi | ingayap para cèthi | abusanèndah yu-ayu | kênya randha wêlanjar | andhèr marêk ki dipati | awibawa tinarap para biada ||biyada (dan di tempat lain).

7. miwah sasaosanira (10) | ki adipati nèng ngarsi | kênap lan bangku cancingan | sinêrbèt putih tulya sri | ingkang anglaladèni | pawèstri samya yu luhung | wedang tèh mamanisan | puan roti wedang kopi | anèng êkan sêmuasêmuwa (dan di tempat lain). isining meja ||

8. sacaraning lah-olahan | gugurihan manis-manis | pêpak di-adi ingolah | miwah wowohan mawarni | samya rumat cumawis | latar ginêlaran sampun | lampit agêng apanjang | goning panjak dèn gêlari | kasah alus ya ta ing wau sêmana ||

9. Mas Cêbolang ingandikan | Ki Jamali kang angirid | busanane Mas Cêbolang | bajo kotang krêstin abrit | pinggir rinenda alit | nyampingira kasa wulung | sabuk putih rong kilan | kuluke bathokan sêtrip | dhêstharipun jêplakan putih rinenda ||

10. adhuwung kêmalon abang (11) | gayaman landheanlandheyan (dan di tempat lain). miling | tulange ulam minatan | mirah agênge saranti |

--- 4 ---

santrine kabèh ngiring | gêdhe cilik luwih satus | wong nongton pan atusan | kalbu abdining dipati | nadyan§ kirang 2 wanda, katambahan: lare. desa pan kenging kewala ||

11. pan parentah sang dipatya | nyukakna manahing alit | marma wong nonton akapang | ki dipati lênggah kursi | ingayap manggung sêlir | samya binusanan murub | pan wus pêpak sêdaya | sinarah pênjaluknèki | saprabote ki mas gèn badhe anulap ||

12. pan wus dhawuh kinèn lêkas (12) | sêndika kang dèn dhawuhi | anulya nyandhak tarêbang | sasolahira rêspati | dhasar ragi kinardi | apacak têrbang pinangku | ing dhêngkul dhangak ladak | bêranyak Anggunungsari | adan lêkas sajak Jawi Sêkar Lêmpang ||

13. swara muluk gêtas rênyah | angungkung arum tur manis | ngês wilêtnya nganyut manah | panêrbange angapipir | sabat gya naurani | tarêbang tiga gumrumung | barung angklung lan kêndhang | calung calapita gadhing | ramya gobyog gumêr gêtêr magênturan ||

14. wor swara sru lagu Lêmpang | orêg kang samya ningali | jêjêl riyêl yêl-uyêlan | dhêsêkan pipit-pinipit | kèh solahbawanèki | bungah kang para calimut | cêlêr-cinêlêr ramya | kathah kang kelangan sami | opyak gègèr sakêdhap nora karuan ||karuwan (dan di rempat lain).

15. suwe-suwe tan rinasa (13) | kelangan prêlu ningali | jalwèstri carub dhêsêkan | wong kang dhugal mangarahi | mring wong wadon anggriming | tangan nguyêl-uyêl susu | nalusur gagap-gagap | gêmbok ginêgêm agêmi | kèh mêngkono wênèh têkêm-tinêkêman ||

16. ya ta wau Mas Cêbolang | narêbang bêsus awasis | gêtêr kumitir ngapinjal | kêtungtung pyêk tong ting tong grig | prung prèng grung pang pang pong ping | klong klung crik crik§ kirang 1 wanda, katambahan: crèk. bah bah gur | thungklêk thungplêk thung thing brang | pap pêp bah bah thêr nal nil nil | nguk nguk brêng brung pung pak pung pyak dhung dhêng dhung brang ||

17. kang sauran rêbut sora | swarane samya sru angrik | rahab ungkul-ingungkulan | santri barung naurani | yèn nuju sèlèhnèki | sauran dènya gumrumung | yèn kabèh tibèng gongan | Mas Cêbolang kang nampèni | ngêlik mêlung ngungkung mêmbat angêmandhang ||

18. anglangut swara rum mêmbat (14) | bêning lir suling wratsari | tan ana swara kang memba | êmpuke gilig amêthit | mangkya kang samya singir | wus dangu dènira talu | suwuk maca sêlawat | kèndêl aso ngaring-aring | pan anglela Mas Cêbolang anjênthara ||

19. ki dipati ris ngandika | êndi sabatmu kang dadi | tandhak kang jiblèsjiblês. wanodya | Mas Cêbolang matur inggih | punika kang prayogi | pun Nurwitri namanipun | pinundhut binusanan | carèstri ronggèng linuwih | pinaringkên kinèn tumuli lêkasa ||

--- 5 ---

20. tur sêndika Mas Cêbolang (15) | lêkas bawa Gambirsawit | swara rum manis ngêsira | mêmbat wilêt dudut ati | santrine naurani | gumrêmbyêng barêng têrbang brung | rampak ukêle padha | tan ana gangsul mênèhi | Mas Cêbolang akipat panêrbangira ||

21. nulya tandhaknya abêksa | berag kabèh kang ningali | ki dipati langkung suka | abdine kinèn nglêboni | gêntèn lan dèn dhawuhi | tombokira kabèh nyuku | suka gantya ambêksa | abdinira ki dipati | sasênênge dènira jaluk gêndhingan ||

22. sawênèh ana barêngan | samya gêndhing gonjang-ganjing | bêksa karone bramatya | sêbrak parêng narik kêris | gègèr ingkang ningali | ki dipati langkung bêndu | sigra anyandhak rotan | kang tukar lumayu ajrih | pan wus pulih tata kang nonton sêdaya ||

23. ya ta wau ki dipatya (16) | kapengin tumut angibing | kang abdi kêplok sêdaya | manggung sêlir suka sami | Montro gêndhinganèkigêndhingannèki (dan di tempat lain). | tan dangu anulya sampun | ya ta Ki Mas Cêbolang | tan kenging ngampah kang galih | tarêbange wus sinungkên roangira ||rowangira (dan di tempat lain).

24. buka rasukane jubah | mung kotange ingkang maksih | duk waune sinasaban | jubah kotange tan kèksi | ya ta lêkas angibing | bêksanira bêksa alus | gêndhingane La-êla | orêg samya kang ningali | saabdine ki dipati langkung suka ||

25. miwah sira ki dipatya | langkung sukanira§ prayoginipun: sukanirèng. galih | ya ta wau kang ambêksa | sawusnya niba kang gêndhing | ki mas bêksane nyirig | nglètèr sarya pacak gulu | ngalahkên tandhakira | bêksane nurut ing pinggir | ing kalangan sarya ulate kinarya ||

26. kwèh bungah satêngah ana (17) | sawiji kaum ningali | Dulsubur lan bojonira | nêja milu naurani | mantêngah ngambyongnggambyong. singir | kang gumawang andudulu | sêsêg tan antuk marga | migag-migêg sru kapipit | nimbok Subur rada wasis sok gêlêman ||

27. dèn incih kiwa têngênyatêngênnya (dan di tempat lain). | dhinêsêg dipun gagapi | kêna cêg kang payudara | kinêpêl pinidih-pidih | puringisan ngèsêmi | kang nguyêg saya kasusu | rinangkus sinjangira | bok Subur pasang anyênthing | tanganira kiwa gondhèlan kang lanang ||

28. kang têngên kari siduasiduwa (dan di tempat lain). | nèng dhêngkul sarwi anjênthir | pinarnahakên agampang | tumanduk kang mangarahi | bênêr andêdêl nuli | garêgêl balusuk puput | kasamur iyag-yêgan | lir linampahkên pakolih | enak-enuk ki punuk nora kêtara ||

29. oyag-oyêg dhêdhêsêkan (18) | Dulsubur pangrasanèki | dhêgdhêge solah ing kathah | tan nyana bojone untir | anjongok rada jêngking | kêsêl ngadêg awadipun | Dulsubur wus pitaya | kasamur solahing jalmi | malah gênti kiwa têngêne anggarap ||

30. gilir ginarap wong tiga | nuju panggarap kang kari | duwèke gêdhe adawa |

--- 6 ---

satêkêm nêt mangang luwih | ni Subur ngulèt jondhil | asru banene kumlukuk | Dulsubur kagyat mulat | bojone ginarap wingking | sru ambêngok ngudubilah katiwasan ||

31. gumrubyug kang garap uwal (19) | slendhang tapih dèn dhèdhèli | marang bangsat kang anggarap | mung kari kulambinèki | gègèr pating jarêlih | Dulsubur sru tulung-tulung | mundhak dadi bayangan | bojone dèn uli-uli | nulya mulih bojone banjur pinala ||

32. wontên wêlanjar satunggal | abdinira ki dipati | pan lagya kagêm sapisan | ing mangkya dipun kasihi | nama pun Jaemanis | akuning wêdana suluh | netra jait balerah | alandhêp idêp tumêngging | payudara kêngkêng lir mundhu undhuhan ||

33. pangangge kinacèk pelag | ngungkuli kang para sêlir | tikêl rêgi parabotnya | saking sihe ki dipati | nging rada ngadi-adi | pan kêmayu adol ayu | ulate blas-êblasan | aling-aling nglaladèni | mring ki adipati yèn wus nêbih gènnya ||

34. malah cêlak lawan panjak (20) | sadhela bali ngladèni | kacu kumbaya kusta bang | krêp nginang idu ngacuwis | bêlisên susurnèki | sabithi atos lir watu | polahe kêrangjalan | nènès kèwês galak lirik | pan sasore wis pindho kacune ilang ||

35. saking mèndèse aganas | nas nès mènjèng nunjang kuping | kapengin marang kang nrêbang | sêdhat-sêdhot ulatnèki | kadulu mring dipati | agya marêk anèng ngayun | yèn wus katungkul lunga | dol ayu dlèrèngan ngliring | pan kêmaruk kinasihan ing bêndara ||

36. anjêngglèng pinggir kalangan | misah gon lan kancanèki | eram sakèh kang tumingal | kênèse lindhis kêmini | sêmana amarêngi | sawiji wong andêdulu | sudagar ngangge mumpyar | sakojur dipun dhèdhèli | kêna kabèh gêmbor-gêmbor galimpangan ||

37. gègèr asru lêng-ulêngan (21) | carub-carub ting jarêlih | wor-winor nora karuan | kabrawuk bok Jaemanis | têlas dèn balojodi | ambalêjêd bukung widhung | kauyêl ing ngakathah | angadêg ki adipati | langkung duka asru mring kaulanira ||kawulanira (dan di tempat lain).

38. dene kaya wong alasan | kabèh kang nonton si joprit | de iku mas patih ana | nyêngoh kabèh kênèng baring | upayanên dèn aglis | sapa kang agawe rusuh | gupuh kaulanira | anggolèki kang ngrusuhi | tan kapanggya mung wong siji ngathang-athang ||

39. dèn idêg-idêg ing kathah (22) | katur marang ki dipati | lawan pawèstri satunggal | katur yèn pun Jaemanis | gêgêtun ki dipati | kakasihe ambalujuambalujud. | duka mring wong lanang kang | kaudan kinèn gêbugi | dosanira dene amêmadha uda ||

40. gya parentah ki dipatya | kinèn jagani kang bêcik | aja na wong rurusuhan | jaganana tumbak bêdhil | matur sêndika aglis | dhinawuhkên sêdaya wus |

--- 7 ---

tap ajrih wus tan rêsah | ki dipati ngandika ris | èh ya panjak bêksaa lan tandhakira ||

41. Cêbolang ture sêndika | nulya bawa Lompongkèli | swara rum gêtas araras | nyênyêd ngêsês mênyêd ati | sauran naurani | gumuntur gêr barung arum | pyung pyung pyêk dhêng thung thung brang | pêp pêp bah bah klong klung thur thir | crak crik nal nil pong ping tung pêk bêng bung brong brang ||

42. sêgsêg§ prayoginipun: sêsêg. gobyog asauran (23) | yèn wus têkèng gonganèki | grêg pêt ririh têrbangira | panabuhe ukur jawil | kang sangêt mung kakalih | calung calapita barung | nampani Mas Cêbolang | lan tandhake barung ngêlik | mêthêt mêrit awilêt gulêt-ulêtan ||

43. akancuh rencang swaranya | lir rêbab barung lan suling | nyamlêng saplak nora jamak | Mas Cêbolang lan Nurwitri | tog-tinog dènya ngibing | Mas Cêbolang bêksa kakung | Nurwitri kang bêksa dyah | akarya wembaning ati | kaya uga Onêngan lan Wukirsêkar ||

44. sasolahira kinarya | liringe amêratani | kang kasangkut ing paningal | gêragapan sênig-sênig | lan tawajuh ing ati | ati lir runtuh talêdhuk | kênèng sumbaga gêndam | Mas Cêbolang ngigêl apik | asta manthêng andhêngklang klêk pacak jangga ||

45. narècèt rikat kumlepat (24) | miwir sondhère kumitir | aèbat naga kapalang | tandhake mungsêr sisirig | lir parênjak tinaji | larap majêng lajêng nyindur | golang-galing lilingan | kwèhning kang myat siptèngciptèng. kapti | kaya-kaya lan dhèwèke mêngkonoa ||

46. wanodya ingkang niningal | samya kasmaran kêpati | kanyut wat kenging sumbaga | gêgês tyasira mawêrdi | miwah manggung lan sêlir | ira ki dipati wau | tambuh ing solahira | ana ngulèt kirig-kirig | angacêcêng malah mijil rahsanira ||

47. banjur lumayu wan-awanwad-awad. | nguyuh mring pakiwan sami | ya ta ing wau sêmana | Mas Cêbolang kèndêl nuli | wangsul dènira linggih | sang dipati nulya dhawuh | kinèn lêkas anulap | pan kinèn aso kariyin | pan sêndika ature Ki Mas Cêbolang ||

48. ya ta manggung sêlir samya (25) | iriban samya balangi | ing gagantèn miwah kêmbang | wênèh bajong-bajong liring | ana ingkang ngawêti | sarwi ngêblongkên gumuyu | nanggingnanging. langkung iriban | dènira balangan liring | ciptanira êmbèn bae ruruncungan ||

3. PocungTeks asli: Pucung.

1. ya ta lêkas nyulap Mas Cêbolang wau | kumutug kang dupa | tumpêng papat dèn kurungi | Mas Cêbolang bêksa ngubêngi kurungan ||

2. lan tandhake mubêng kurungan ruruntung | sawusnya mêngkana | kang kurungan dèn ungkabi | tumpêng papat seje-seje thukulira ||

3. siji thukul wit-witan lombok wohipun | siji wit sêmangka | uwohe sakêndhil-kêndhil | siji bliglobligo. uwohe sadandang-dandang ||

--- 8 ---

4. siji waloh sagembol-gembol wohipun (26) | suka kang tumingal | ki dipati tusthèng galih | angandika èh panjak apa kênaa ||

5. kabèh iku apa kênaa jinuput | matur Mas Cêbolang | botên susah inggih kenging | dhinahara nadyan binêkta mantuka ||

6. botên purun molah-malih sampun lugu | sanès lan wong kathah | kang limrah warti tan kenging | yèn puniki inggih ta kenging kewala ||

7. langkung suka ki dipati ngatag gupuh | manggung sêlirira | samya kinèn amêndhêti | kumaroyok apan sami rarêbutan ||

8. angundhuhi sêmangka kêlawan waluh | acêngkah-cinêngkah | samya rewanging§ prayoginipun: rewange. pribadi | lajêng ulêng adêdrêg têngah kalangan ||

9. ki dipati duka kèn ngundurkên sampun (27) | wong nonton sêdaya | langkung sukane kêpati | ya ta badhe lêkas malih arsa nyulap ||

10. nyandhak janur kuning lan ron bêndha gupuh | lan lar bèbèk ayam | lan lar manuk êmprit pêking | lar brêkutut drêkuku putêr lan dara ||

11. linêbokênlinêbokkên (dan di tempat lain ) [kata yang diakhiri konsonan 'k' bertemu dengan akhiran 'ên' atau 'e' penulisannya 'kk']. kurungan kutug kumêlun | Mas Cêbolang bêksa | lan tandhakira ngubêngi | tarêbange tinitir kaya bêdhaha ||

12. parikane apan muni surung dhayung | sawusnya mêngkana | kurungan wus dèn ungkabi | sawarnine êlar wus wujud sêdaya ||

13. godhong bêndha apan iaiya (dan di tempat lain). dadi bulus | janur dadi ula | sawarnane kabèh sami | bèbèk ayam manuk bulus lawan ula ||

14. abuburon datan ana ingkang mêtu | saking ing kalangan | suka mulat ki dipati | miwah kabèh wong kang sami aniningal ||

15. ki dipati angling apa kêna iku (28) | bèbèk dèn opora | lawan pitike ya dèn tim | matur nêmbah sira wau Mas Cêbolang ||

16. botên susah pan kenging sêdayanipun | suka ki dipatya | nulya kinèn anyêkêli | pan kumrubut sagung kang para parêkan ||

17. mung ulane lan bulus sampun rinacut | marang Mas Cêbolang | mulih dadi janur kuning | bulusipun mulih dadi godhong bêndha ||

18. ki dipati suka malih ngandika rum | ya manèh wêtokna | kabisanmu kang gawoki | Mas Cêbolang nuwun ature sêndika ||

19. nuwun lêsung kakalih saalunipun | sigra ki dipatya | mundhut lêsung nulya prapti | mujur ngidul mujur ngalor saalunya ||

20. pan agupuh Mas Cêbolang masang kutug (29) | kang lêsung ginunan | dinumuk-dumuk kaping tri | tan antara obah lêsunge amapan ||

21. alu wolu samya abendrong kumruwuk | titir kokothèkan | maju sarêng lêsung kalih | muni dhewe abendrong alu nêmbêlas ||

22. lêsung tumbuk ajêblès surung-sinurung | alunya tan gigal | saha sru bendrongan titir | thung prong thung prong thuk prêk thuk prêk dhong dhong brag brag ||

23. kang andulu sêdaya suka agumun | lêsung tutumbakantutumbukan. | alu titir tanpa jalmi | alu kalih ting balêbêr liru gyanya ||

24. saya sukupsurup. kang nonton uyêl atimbun | kang sawênèh ana |

--- 9 ---

wong bebedhangan wus lami | pan katuju panggih ana ing tontonan ||

25. sukèng kalbu kalihe dhêkêt akumpul (30) | pan sami karsanya | kasamur pipit-pinipit | tutug ing sakarêpe agêgarapan ||

26. dangu-dangu kêtara ing solahipun | ing kiwa têngênya | ginêtak uwal kang untir | pan sinurak ginaguyu ing akathah ||

27. èstrinipun lumayu tan bisa mêtu | dèn uyêg ing kathah | susune dèn cucuwoli | cag cêg mag mêg mal mol susu pipi branang ||

28. wusnya dangu dènira angadu lêsung | anulya rinucat | alu ngalumpuk gènèki | lêsung galih§ prayoginipun: kalih. wus kinèn anggawa mêdal ||

29. suka ngakak ki dipati ngatag gupuh | manèh alêkasa | mêtokna kagunan malih | kang liningan sêndika santrine nulya ||

30. gya binanda tinalikung winayuyung | suku antuk jangga | ginayut-gayut ginodhi | sawusira linêbokakên kurungan ||

31. lawan jantra sarta kutuge kumêlun (31) | Mas Cêbolang ngatag | mring panjak gêndhing kinanthi | Wiratruna dyan lêkas gumêr swaranya ||

32. lajêng tandhak lan Ki Mas Cêbolang runtung | mubêng nèng kurungan | kaping pitu gèn ngubêngi | sawusira ngatag ki mas panjakira ||

33. kinèn salin Kêbogiro gêndhingipun | gumuruh swaranya | sêsêg kang bawa gora tri | pan tinitir gumuntur têrbang barungan ||

34. kang dudulu tan bosên panontonipun | sangsaya karênan | wontên wong lonthe sawiji | langkung landhêp ampuhe prasasat sarpa ||

35. lonthe iku warnane kêlangkung ayu | singa wong jinawat | tan sêranta nuli ngincih | gya ginarap anèng têngahing tontonan ||

36. dèrèng tutug kang garap krasa anjêpluk (32) | mundur mekah-mekah | dheprok nguyuh ngolang-aling | wontên malih kang anggarap dêg-adêgan ||

37. lagya maju anglumba sakala abuh | pan sasore mula | olèh wong sêlawe luwih | kabèh rêngkêng-rêngkêng gêrêng-gêrêng lara ||

38. ana banjur lonyoh§ kirang 2 wanda, katambahan: kulit. ting palêpuh | pan padha sadhela | andhêrok tan bisa mulih | akèh ngincim-incim sanake kang waras ||

39. Mas Cêbolang ngungkabi kurunganipun | panjak kang binanda | wus ucul sami nunggangi | marang sima gigibrah têngah kalangan ||

40. gêro-gêro sima ngajrihi dinulu | kagum kabèh padha | sagung kang wong niningali | rêbut dhucung lumayu agogolongan ||

41. lonthe wau katêmu tinêmu kuwuk (33) | pan binalojodan | sandhangane sarwa bêcik | sêngkang sinjang sêdaya têmah têlanjang ||

42. dèn kuk-êngkuk ngarêngkuk nulya tibambruk | ingilês wong kathah | lonthe nangis jêrat-jêrit | gêmbuk-gêmbuk gêmboke dèn idak-idak ||

43. pan dèn êpuh ilune pan mêksih ampuh | singa kang angidak | kumaranyasnya sumêngkring | kitrang-kitrang kinukur saya wêrata ||

44. ting barêkuh kèh markotok sikilipun | uyèb kèkèrogan | sakèh wong mimisuh sami | pan pinala kasêlak ajrih ing sima ||

--- 10 ---

45. sagung sêlir gila jrih samya lumayu | malbèng dalêm samya | tinilar sang adipati | wong kang nonton samya sumingkir anêbah ||

46. suka ngakak ki dipati manthuk-manthuk (34) | asru angandika | panjak paran adatnèki | apa nora anêmêni ingkang sima ||

47. Ki Cêbolang matur botên-botênipun | gigila kewala | ya ta angling sang dipati | yèn mêngkono nuli racutên dèn enggal ||

48. gigilani mêdèni kang padha dulu | sigra Mas Cêbolang | kurungan winêngkang nuli | sarwi cêthèt sima manjing jro kurungan ||

49. langkung suka ki adipati andulu | manggung sêlir samya | inguwuh pan sami mijil | ngadhêp malih lê§ kirang 1 wanda, katambahan: ga [lêga]. simane tan ana ||

50. kang nononton wus samya wangsul sêdarum | ya ta Mas Cêbolang | buka kurungan tumuli | ingkang sima wus mulih pan dadya jantra ||

51. santri katon wangsul binanda andhingkul (35) | suka kang tumingal | sigra rinucat tumuli | kang binanda suka anglindur upama ||

4. Dhandhanggula

1. ya ta mauwau. sira sang dipati | karsanira wau dhik-udhikan | nadar duk sakit garwane | putrane dèrèng mêtu | saking guaguwa (dan di tempat lain). garbaning bibi | wêruh ing padhang hawa | kang garwa lumayu | marma arsa linampahan | udhik-udhik apan lima wêlas anggris | nanging warni ardana ||

2. Ki Mas Cêbolang dèn andikani | pan winartan ing nguni kang sabda | pan wus tinuturkên kabèh | kang dhinawuhan matur | inggih ulun darmi nahidi | nanging inggih dadosa | ping kalih puniku | abdi paduka sêdaya | sawarnine tiangtiyang (dan di tempat lain). èstri kang rumiyin | pan sampun kawoworan ||

3. apan ngamungna paduka inggih (36) | kang tumuta angrêbut pan amba | ingkang anêbar artane | pan anging sarat tumut | amba ngrêbat saking sakêdhik | sang dipati karênan | apa sakarêpmu | yatra pan wus tinampènan | mring Cêbolang sang dipati têdhak nuli | samanggung sêlirira ||

4. gêdhe cilik wong dalêm pan mijil | apan lajêng akêpung akapang | wong jaba winarah kabèh | lamun mangke ing pungkur | iki nora kêna dèn wori | ya ta wusnya mêngkana | Mas Cêbolang gupuh | angadêg têngah kalangan | manggul bokor parèstri pasang prasami | gèn badhe rêbat arta ||

5. ya ta Mas Cêbolang nêbar aglis | pan gumêdêr parèstri rêbutan | uyêl acablèk-cinablèk | dipati suka dulu | tumut ngrêbut sarat ngecani | ya ta Ki Mas Cêbolang | bokore rinêbut | mring pawèstri arta wutah | lajêng uyêl Mas Cêbolang api-api | tiba rèhning rinêbat ||

6. ngathang-athang lajêng pan dèn byuki (37) | mring parèstri arta kang nèng jaja | rinêbutan ing wong akèh | ki mas anjumbul-jumbul | panjumbule anyondhol pênthil | kang sinondhol tan etang | maksih eca ngrêbut | Mas Cêbolang kinakahan |

--- 11 ---

mring wong akèh ki mas apan jongkit-jongkit | anggambul margèng suta ||

7. suka miatmiyat (dan di tempat lain). wau ki dipati | ragi wêlas marang Mas Cêbolang | dening dèn uyêl ing akèh | angling mring ki mas arum | aja dadi manahirèki | dene ta awakira | mring wong wadon dèn byuk | Mas Cêbolang ragi susah | lêngur-lêngur batine untung kêpati | dhapure pindha susah ||

8. wusnya nuli dhik-udhikan malih (38) | wong ing jawi kang kinèn majênga | ki dipati nêbar dhewe | rame uyêl gumuruh | tuatuwa (dan di tempat lain). anom gêdhe lan cilik | wor-winor tan karuan | gêdrah sungsun timbun | ana kang tiba kalumah | wênèh ngagir anggalungsar kajumpalik | udrêg cêngkah-cinêngkah ||

9. rarêjêngan ramya ting jarêlih | wêngkang-winêngkang dènya rêbatan | tan pijêr kêna dhuwite | ana kang wus dèn êmut | mêksa ngukihngungkih. dipun gogohi | miwah anèng kandhutan | kang ginêgêm ucul | langkung suka ki dipatya | panêbare kang arta dèn intir-intir | pinrih dangu rêbatan ||

10. nulya kinèn mundhut arta malih | limalas êngkas tan dangu prapta | katur picis bolong kabèh | sinêbarkên sumawur | rinêbut ing abdi jalwèstri | sikêp bangsat angrêbat | dêdrêg ting barêkuh | adhosok jêngkang-jinêngkang | miwah sikut-sinikut bithi-binithi | gudrah aguladrahan ||

11. ana guyu wênèh pan anangis (39) | ana ingkang sinjangipun sêmpal | myang balung jongor§ prayoginipun: nyongor. lambene | mimisên irungipun | nora kêna sinjang barêndhil | ginujêg akakalan | mari-mari yèn wus | arta wutah sinjang bêdhah | kèh tingkahe ana wong lanang sawiji | akathah olèhira ||

12. têpung gêlang lêmpèng kêbak dhuwit | ngandhut ngêmut gêgêm kêbak uwang | miwah kang ginombol§ prayoginipun: ginembol. akèh | ingêbyuk pan rinêbut | picis mawut dipun rêbati | rinêncak ing wong kathah | bêbêde jur mumur | wontên pawèstri angrêbat | pan kasusu klèru konthole sinêbit | kewal agobrah-gobrah ||

13. jêlih-jêlih nora dèn praduli (40) | mêksa rinujag ingidak-idak | mêcèthèt paringsilane | uyêl kuwur katawur | tan cinatur solahirèki | lingsir dalu gènira | kasukan anutug | ya ta sêmana bubaran | ki dipati paring tigang dasa anggris | marang Ki Mas Cêbolang ||

14. ki dipati angandika aris | èsmu guyu marang Mas Cêbolang | panjakmu Nurwitri kuwe | lah tilarên karuwun | dimèn kari nèng jêro bêcik | suka tyas sun tumingal | lir wong wadon lugu | nora mantra-mantra lanang | lan maninge manira akarya ringgit | Nurwitri kang muruka ||

15. lawan sira yèn ingsun timbali | aja lunga-lunga nèng Kauman | omahe Jamali bae | yèn ana kurangamu | lumêbua ingsun paringi | yèn ora kongkonana | bae matur mring sun | ia bojone Si Jamal |

--- 12 ---

ngong paringi pangan sasantrinirèki | sakèhe cacahêna ||

16. matur nêmbah sumangga nulya mit (41) | Mas Cêbolang anampani arta | tigang dasa real kèhe | lan sabusananipun | tuwin paring sinjang mring santri | aniji wus wêrata | myang sasajènipun | dèn usungi santri kathah | langkung bungah sakèh santri ting cukikik | untung Ki Mas Cêbolang ||

17. mundur saking ngarsane dipati | lawan sasantrinira sêdaya | myang pangulu Jamaline | santri satus gumrudug | anèng margi Jamali angling | dhuh anak Mas Cêbolang | puniku yèn mungguh | kula amujur salawat | sinjangipun sajènipun kula inggih | lêrêse tumut angsal ||

18. sabab margane angsal rijêki (42) | kapracaya pinaring akathah | saking kula wiwinihe | Mas Cêbolang lon muwus | yèn wus praptèng wisma agampil | kula mangsa ngicalna | ing tata lan patut | datan susah winicara | Ki Jamali ambêsono ngêdhih-êdhih | gumêrmêng turut marga ||

19. tan adangu prapta ing wismèki | kae Jamali ing Pakauman | gumêdêr santri praptane | tata dènira lungguh | tan antara sajèn binagi | tinadhah ting kucapah | tuwuk ngadhug-adhug | myang sakêtib modinira | lèbèr maring tatangga pan maksih luwih | sêkul ulam panganan ||

20. arta tinitèn sêdayanèki | sajèn sêlawe lan tigang dasa | ki dipati paparinge | arta tombok ingetung | apan angsal kawan dasanggris | gunggunge kawan dasa | gangsal langkungipun | kang dhatêng pangulu Jamal | pan sêdasa real kang dhatêng ing santri | arta tri dasa gangsal ||

21. dinum kaduman anyuku sami (43) | kang sèkêt real mring Mas Cêbolang | kalêbu lan Nurwitrine | wus rampung pandumipun | aluaranaluwaran (dan di tempat lain). sêdaya aris | wau ta ki dipatya | èsmu tyasnya kanyut | mring Nurwitri ronggèng lanang | ki dipati ragi kawuron sakêdhik | ing brêm tape waragang ||

22. wuru kaworan alimpang brangti | mring Nurwitri kang binrangti anyar | katêmbèn blere karsane | nulya binêkta kondur | maring dalêm gêdhong kawingkingkang wingking. | ki dipati ngandika | Nurwitri dimaju | sun sare singêbên ingwang | sêmbari rêngêng-rêngênga Lompongkèli | Montro Pêtungwulungan ||

23. Gambirsawit lawan Gandrungmanis (44) | matur inggih Nurwitri ngujiwat | sarwi pinathêt lathine | ki dipati agupuh | ngrangkul gulunira Nurwitri | grêgêtên cinuwolan | lathi pipinipun | dèn ingsêp ingaras-aras | matur mangke dhuh mangke kangjêng kiai | turene kinèn nêmbang ||

24. angandika lah ia dèn bêcik | nulya rêngêng-rêngêng swara raras | Lompongkèli kalulute | jalirit mêrit arum | kalêlêran ambêlèr ati | pan lagya rong êgongan | ki dipati muwus | wis mênênga sun tarima | dèn mrenea aja sira wêdi-wêdi | Nurwitri ngarah apa ||

--- 13 ---

25. gya ginayut angganing Nurwitri | kêkêp-kinêkêpan arêp-arêpan§ langkung sawanda, kabucal: a [rêp-arêpan]. | kadya maring dyah tan pae | sasolah bawanipun | mriêmbadamriyêmbada. anêmbadani | angrêngih kang rinêpa | ingukih kinukuh | katomah têmah tan polah | ginulingkên golag-galig anglêgani | pinungkurkên karênan ||

26. angudhêmpêl pupul anèng wuri (45) | waringutên tan salayèng karsa | wastra silak warastrane | pangangkahira rikuh | lir kekean akongkah-kangkih | nêmpuh tan kênèng ngampah | Nurwitri anjumbul | andêngkèng tyasnya kumêsar | pulintiran angêsah umatur ririh | ingkang antèr kewala ||

27. kya dipati langkung sukèng galih | sangsaya nglud lungiding turida | rada katêmbèn karsane | sanepaning dyah ayu | ing pangrasa malah ngunkulingungkuli. | kulinaning kalangyan | dede amputipun | pan ora untap-untapan | surasaning karasikan mung Nurwitri | ngalêmpak tumpak lawak ||

28. tan awiwal pakiwuling gati (46) | dhêkêt kêkêt lir banon lan rimbag | nora rênggang don-adone | ki dipati kalimput | kaluluting wilêt kalaning | kathah solahing karsa | riwenira kumyus | kang kinarsan tan gulawat | wus antara anjog drês gatining rêsmi | kongsi byar aluaran ||

29. Nurwitri pan lir sawung kêpilis | katêrêsan ing gati marlupa | tan kênèng têbih ênggène | sarwi dèn êlus-êlus | ki dipati wêlas ningali | apan kathah sihira | mring Nurwitri lulut | supe langêning wanita | nungge§ prayoginipun: nunggèng. ronggèng lan angantos kalih latri | tan kenging mêdal-mêdal ||

30. kathah pêparinge ki dipati | nahên sêmana Ki Mas Cêbolang | nèng Pakauman pondhoke | mompyor busananipun | ambalèrèt salin-sumalin | bêsuse angayangan | kathah prawan kanyut | kikinthil tumut pondhoknya | sapraptaning pondhok rinewang sarêsmi | enjing mulih sinungan ||

31. arta sawang-sawung wongirèki (47) | ana nêlung real angrong real | sareal andulu wonge | yèn si lamun anuju | ingkang ayu akincih-kincih | ngantos sapuluh real | ki mas dènira sung | marma wadon lunga têka | ing ciptane enak kodhil olih misil | yèn ta lamun gêmia ||

32. Mas Cêbolang pasthi lamun sugih | ya ta ing wanci suruping arka | duta saking jro praptane | kinèn nimbali gupuh | Mas Cêbolang anyêndikani | nulya dandan busana | alise cinukur | pinatut tajêming tanggal | adu mancung sumping sêkar nagasari | sarira ganda jênar ||

33. atêtasik sumilak arêsik (48) | nyamping sarung bugis gêgêrusan | sabuk gêdhog paringane | kulambi galar konus | bêsus wasis dhasare sigit | abagus tur sangsangan | barang dèn go patut | nulya kering lampahira | tan adangu wus katur mring ki dipati | kang prapta ingandikan ||

--- 14 ---

34. kinèn lajêng maring dalêm wingking | sapraptanira anèng ngajêngan | ki dipati lon dêlinge | dèn kaparèng§ prayoginipun: kapara. ingayun | alungguha lawan Nurwitri | tur sêmbah Mas Cêbolang | wus nunggil alungguh | samya sasmitèng èsêman | ting barisik athothokan dhêngkul ririh | ing sêmu wus anduga ||

35. ki dipati angandika aris | besuk ing pêndhak wulan purnama | sira sun timbali malèh | ngluwihi lan kang uwus | sira dadya ringgit sêrakit | lan Nurwitri prayoga | abagus yu-ayu | êntingna pagunanira | sira besuk sun ganjar kang luwih bêcik | anglênggakna§ prayoginipun: anglêgakna. tyas ingwang ||

36. Mas Cêbolang nêmbah matur aris (49) | inggih pintên banggi kalêrêsan | sêndika sakarsanta ngrèh | ya ta wusnya adangu | mundhut dhahar ki adipati | nutug dènira dhahar | gya linorod sampun | pinaringkên Mas Cêbolang | sêdaya wus nadhah kêlawan Nurwitri | wus turuh cinarikan ||

37. wusnya bubar ingkang nglêladèni | parèstri samya mundur sêdaya | tan linilan pangayape | pan amung ingkang kantun | Mas Cêbolang lawan Nurwitri | sami awa§ prayoginipun: bawa. prênesan | wênêsing pamuwus | cara carêm carêmêdan | pan kakênan ing liring ki adipati | kagebang ronggèng lanang ||

38. pan anyêlak lênggah ki dipati (50) | sarwa manis arum angandika | abêcik cêlêkan bae | tan ewuh kang cinatur | ing pasêmon sêmana malih | lan sira Mas Cêbolang | aja adu mancung | nganggea cara wanodya | pan turutên kewala sakarsa mami | kang kaya warnanira ||

39. Mas Cêbolang nêmbah matur inggih | èsmu guyu sarwi ngungkrêd jangga | anggêgêt ilat lewane | mingsêr lèngsèr sing ngayun | pinaringan busana adi | angiwa ping-ampingan | cucul adu mancung | busana cara wanita | gêlung sèntêg sinêkar lungsèn kinancing | cêpaka lan ronira ||

40. apan asinjang garingsing ringgit | kêmbên gadhung mêlathi rinenda | pinayudara esthane | awida jênar arum | pupur sawêtara nêlahi | kace kumbaya kusta | abrit dhasar alus | rumimong ing pawidhangan | sawusira busanarsa marêk ngarsi | sasolahe kinarya ||

41. ulat rikat lir kilat ngawêngi (51) | ngima raras kumênyut tyasira | ki dipati pandulune | sangsaya wuwuh wuyung | praptèng ngarsa nunggil alinggih | Nurwitri pan kasoran | ing mêmanisipun | kaot trah guru lan sabat | yêkti kaot laraping liring nêlahi | akarya lara brangta ||

42. langkung sukanira ki dipati | sarwi gumujêng winor wuwusnya | dubilah dudu rasane | baguse dene ayu | nulya tanganira tinarik | payo adhêdhêsêkan | bae padha lungguh | kang ingikal ngayut tingal | wus anglela lèlèjême jaman wingi | andhêdhêt-dhêdhêt asta ||

--- 15 ---

43. rinêjêng kêndho anulya linggih (52) | adu dhêngkul mung sapêdhadhonan | ki dipati lon dêlinge | payo padha anginum | brêm tape grit waragang manis | sinambi dhadhaharan | sêsaosan agung | nutug dènira kasukan | pagujêngan apranesan manas ati | sisiwo sêdangunya ||

44. ki dipati angandika aris | payo wus dalu raryan luaran | manira rip arsa sare | sisindhèna sirèku | swara wadon bae kang bêcik | gêndhing pathêt manyura | ia Pêtungwulung | Kaboyong lan Kêmbanggayam | Kuwung Montro Lambangsari Gandrungmanis | anuli pathêt sanga ||

45. Onang-onang lawan Lompongkèli | Gambirsawit miwah Êla-êla | lara-lara lirih bae | kang liningan sung guyu | sarwi mathêt lathi amathis | wus tata pêsarean | ronggèng ro nèng ngayun | kinèn sindhèn gêgêntèna | ki dipati sêsarean dèn pêtêki | sarya sindhèn La-êla ||

46. Onang-onang lawan Gambirsawit (53) | Pêtungwulung lawan Kêmbanggayam | Montro myang Gandrungmanise | ki dipati lon muwus | sisindhèna ya Lompongkèli | wong roro abarunga | kang sinung ling matur | sêndika anulya lêkas | abarungan sindhèn ngêlik Lompongkèli | ulon alon-alon ||§ kirang sawanda, katambahan: an [alon-alonan].

47. angriringik angrês ngraras ati | runtut nyamlêng kêplêng lir§ kirang sawanda, katambahan: ang [anglir]. pendah | rêbab kalusên kawate | swara lit manis arum | mêrit mêthit amêthêt ati | tetela kang parikan | ki dipati wungu | abêksa bari alênggah | Mas Cêbolang lan Nurwitri angrakiti | anjogèt lulungguhan ||

48. pating karinggêg dènira ngibing (54) | dangu-dangu saya sru anêmbang | dadya ngadêg pangibinge | agulêt kinarubut | ronggèng kalih anindur liring | lèngèk-lèngèk linglingan | nyangkluk pacak gulu | sêblak kumlebat araras | anyarisig sisirig mungsêr nèng ngarsi | aberag ki dipatya ||

49. nutug dènira sami angibing | nulya tanganira Mas Cêbolang | tinarik lan Nurwitrine | agapyuk parêng lungguh | pan kinayut jangganya sami | pipi lathi ingaras | aras kalihipun | nulya malih asarean | ronggèng roro nèng dagan tan kêna têbih | pan sarwi pêprênesan ||

50. sarta kinèn sindhèn ganti-ganti (55) | sagêndhingan edhang anggêndhinga | Nurwitri Lompongkèline | Cêbolang Pêtungwulung | nulya ngêlik swara jalêrit | gêtêre muluh rêmak | tungtung manis arum | ki dipati wungu lênggah | kinêndhangan cangkêm gong kênongirèki | sami cangkêm kewala ||

51. asta kalih angêbuk guguling | pindha kêndhang nèng cangkêm ungêlnya | pong pêp êm-êm dhah kêthothe | êng êng thuk nang nang nong nang§ langkung sawanda, kabucal: nang. gung | ginaguyu ing ronggèng kalih | ki dipati anulya | sarean lan muwus | Cêbolang angrêrêpia | ngura-ura têmbange sinom pêngrawit | tibakna suyung ika ||

--- 16 ---

52. lan tibakna dhenok silir-silir | lan tibakna genjung rêmên ingwang | nuli Lompongkèli manèh | yèn wus iku nulya wus | Mas Cêbolang anyêndikani | anulya ngura-ura | tigang pada sampun | swara rum gêtas arênyah | nulya gêndhènggêndhing. mêdêd lêmpêng Lompongkèli | wilêt nganyut-anyut tyas ||

53. gumujêng suka ki adipati (56) | Mas Cêbolang binalang sap-tangan | pan lajêng pinaringake | Cêbolang matur nuhun | nulya tanganira tinarik | sarwi mèsêm ngandika | dèn marene lungguh | Nurwitri uningèng sipta | mundur saking ngarsanira ki dipati | sasamur nèng jêrambah ||

54. ingkang anèng jroning gêdhong sami | ki dipati lan Ki Mas Cêbolang | balèging lèjêm sêmune | Mas Cêbolang ginayuh | kinapithing liningling-lingling | rinungrum sinêmbrama | lir brêmara ruruh | angrêmih maduning sêkar | ki dipati kapadhan lungiding kapti | katujon lêgawèng tyas ||

55. pandam lilin wus mati ginunting | nulya ginulingkên Mas Cêbolang | sumèlèh miring rakite | ki dipati kapungkur | pan karakêt kêkêt nèng wuri | dangu arêrêjêngan | sinjang wus karangkus | angikal warastra mapan | santosa drêng adon-adon adu manis | tumanduk pan dinadak ||

56. kinukuhan makas angêngkêngi | dia-diniadiya-diniya. dinaya-daya | dinua-duadinuwa-duwa. tan polèh | sinêrot anulya lud§ prayoginipun: nglud. | amrêkênêng kêna ginati | Mas Cêbolang garonjal | tyasira kumêpyur | pinarwasa kawisesa | sasolahe kapidih umatur ririh | ingkang sarèh kewala ||

57. saya gêmbira ki dipati§ kirang sawanda, katambahan: a [adipati]. | amranani ing sakêrsanira | ing rèh rêkasa wus rame | tan wiwal dènya kiwul | pulintiran anguntir-untir | antèr antaranira | nirkên ing dyah ayu | tapis rarasing wanita | winêtara lan Nurwitri kasornèki | pan kirang baudira ||

58. Mas Cêbolang aluwês awasis (58) | ing satata tatening pratingkah | ki dipati karênane | kapadhan ing tyas lulut | pantan. ginopan panumpunèki | rerekaning kalangyan | langkung suka nutug | têlas surasaning solah | kasrêg sinrêg binotan riwuting gati | gita lunturing prana ||

59. byar rahina luaring pulangsih | ki dipati sarira marlupa | Mas Cêbolang lêmpe-lêmpe | sawusira tuturuh | ki dipati angarih-arih | pangrèhe angrêrêpa | sarwi ngêlus-êlus | Nurwitri marêk ingarsaing ngarsa (dan di tempat lain yang sejenis) [Kata yang diakhiri 'ng' bertemu dengan kata yang diawali dengan 'ng' penulisannya 'ng ng']. | èsmu guyu kaula puniki tilik | kang mêntas kajantaka ||

60. Mas Cêbolang ngêblongkên Nurwitri | sarwi nauri mèsêm ngujiwat | aran wong wus padha dene | ki dipati gumuyu | niwêl lathi pipi sarya ngling | karone aracuta | bêbêda kang bagus | nulya pinaring busana | bêbêt ikêt sabuk kêlawan kulambi | kêris pêndhok suasa ||suwasa.

--- 17 ---

61. nulya busana wong roro sami (59) | pênganggènira apan kinêmbar | jalkithit padha baguse | ki dipati andulu | mring ronggèng ro sangsaya asih | siangsiyang (dan di tempat lain). dalu karênan | jajambon anutug | ginilirakên trêkadhang | kinarsakênkinarsakkên (dan di tempat lain). ronggèng ro sarêng saratri | supe mring para garwa ||

62. kang parèstri nora dèn praduli | mung Nurwitri lawan Mas Cêbolang | alèngkèt lir gua§ prayoginipun: gula. lèdèng | ing siang dalunipun | Mas Cêbolang iriban liring | mring pra sêlir biadan | sisinglon pulangyun | lamun Nurwitri kinarsan | Mas Cêbolang nilib marang para èstri | gerang-gèrêng kewala ||

63. sêkathahe para èstri-èstri (60) | samya kedanan mring Mas Cêbolang | abagus gampang uwange | milanya samya tutut | Cêbolang yèn adus mring jawi | èstri gêbèl ambegal | amrih pinulangyun | linadèn anèng padusan | yèn wus tutug lumêbu angampir-ampir | rikatan bari liwat ||

64. dadya panjang kidunging pawèstri | sandhung jêkluk angob kulakêpan | Mas Cêbolang kang dèn ame | samya yonyun. brangta wuyung | beda lawan Nurwitri tani | gêlême yèn jiniadjiniyad. | sêtun roro têlu | tan ngêprah lir Mas Cêbolang | sabab Ki Mas Cêbolang pan duwe aji | ya pangontong-ontongan ||

65. bisanduga sakarêping èstri (61) | ingkang cilik lawan ingkang drêmba | miwah landhung lan cêlake | cinilik yèn ing ciutciyut (dan di tempat lain). | ingkang ombèr dipun agêngi | kang anggayêr doyanan | tri dalu tinutug | lan wêruh ênggoning rasa | wus rinajah rajanare ring pawèstri | traping asmaragama ||

66. milanipun parèstri agampil | kang durung kêna kedanan rupa | kang wus kakênan angènèl | tanatan na (dan di tempat lain). dharatan ketung | katon bae rahina wêngi | kadya wong kasurupan | joto lênguk-lênguk | lêkas obah anjêranthal | minthal-minthul akikinthil kang kaèsthi | konthole Mas Cêbolang ||

67. abdinira èstri ki dipati | kathah ingkang wus§ prayoginipun: sampun. dinêjahan |Kurang satu suku kata: kathah ingkang sampun dinêjahan. kari kang wus kêmpong bae | sêtun roro têtêlu | ingkang nora dipun grèwèli | tuwin jawi anjêprah | kaprah rêbut payu | angupaya pinilala | Mas Cêbolang bêlaba labuh mragadi | êbèr wani kelangan ||

68. arta busana myang ali-ali (62) | paringanira ki diapatyaadipatya. | pinaring sapanyuwune | ia ganjaranipun | Mas Cêbolang tan nêdya sugih | mung ambandhani bedhang | dadya ngundhung-undhung | pan aibut sisinglonan | kadi toya nèng talang têlas tan kari | amung têlês kewala ||

69. Mas Cêbolang kêlawan Nurwitri | ingkang lagya kanggêp kinasihan | kinungkung nèng jêro bae | bisa kondur yèn adus | pan sinambi bedhangan nilib | nanging datan konangan | tingkahing ngasingluasinglu. | mung kang lumrah liliringan | tan ngapaa Mas Cêbolang jatinèki | ngayuti angayangan ||

--- 18 ---

70. sêlaminira ronggèng kêkalih (63) | binotan sih pan wus pêndhak dina | ki adipati linglunge | kawuron ronggèng kakung | kang kawêngku ing siang ratri | wus supe langêning dyah | para garwanipun | tuwin pra prameanira | pratelaning dasih tan arsa nampèni | milahurmilaur. ronggèng lanang ||

71. pan kêledhon kodhêng nandhang brangti | tita antara kêtarèng tingkah | kahana kaucap ngakèh | ronggèng ro kang jinambu | bubukane ananggap singir | susah pra sêlirira | datan pinalahurpinilaur. | mung ronggèng lanang kinarsan | sêkathahe para langên nekad sami | ambelani bêndara ||

72. miwah Mas Cêbolang dènya nilib | wus kawêntar pan balunthahira | somahan randha sêdene | lanjar prawan kinêrmus | satingkahe anglêlanangi | sakèh kang duwe sanak | bojo myang sêdulur | samya panas atinira | mêksih ajrih nanging tansah ngincim-incim | dadya ngênêb kewala ||

73. wus mêngkana nahên ki dipati (64) | kang lagya nèng gêdhong têtêlonan | tan kêna bênggang kalihe | sisiwo siang dalu | datan suda malah saya sih | adhêmèl kadi gula | kêrakêt lir ancur | kanthil-kanthil kikintêlan | Mas Cêbolang Nurwitri ki dipati§ kirang sawanda, katambahan: a [adipati]. | nèng gêdhong gêgendhongan ||

74. nuju sêmana kalaning ratri | ki dipati lawan Mas Cêbolang | tan taha-tinaha dene | saking sih wus kêcampur | woring karsa karasikaning | kulina kinalilan | tanpa krama matur | koko-kinoko kewala | ki dipati mèsêm angling bisik-bisik | marang Ki Mas Cêbolang ||

75. sun têtanya marang ing sirèki (65) | sayêktine êndi kang mirasa | mungguh wong jêjambon kuwe | apa ta ingkang jambu | kang kapenak bungah ing ati | nikmate kang mirasa | apa kang jinambu | kang êndi bedaning rasa | Mas Cêbolang nauri gumuyu ngikik | pan sarwi acêcêpan ||

76. kang satêmên-têmêne kiai | ia mungguh prabedaning rasa | asangêt akèh kaote | mirasa kang jinambu | kumêsare amêratani | tan ana tondhènira | rasaning tyas nganyut | amlêng cumlêng kalênyêran | ngunyêr-unyêr mrêkinding pating garingging | anggo dèn anggang-anggang ||

77. ki dipati kenyut tyas kêpengin | angandika marang Mas Cêbolang | sarwi galigik guyune | apa ia satuhu | yèn mêngkono tuturirèki | lah payo coba-coba | yèn kaya tuturmu | sasmita wus kawistara | ginulingkên Mas Cêbolang pan angukih | lingkabe ingkang wastra ||Nomor bait ini pada teks asli 76, kemudian diurutkan seterusnya.

78. sinêmbrama ing srênggara manis (66) | ki dipati winarga piluta | sêkala supe priane | lir dyah raosing kalbu | duk rinungrum ingarih-arih | wastra kirih wus singsal | warastra tumanduk | sumèntêg sêntuging wuntat | Mas Cêbolang nulya sarat matêk aji | pangontong-ontong makas ||

--- 19 ---

79. lugu agêng akêngkêng tur titih | wus anjathok ing cithak dinadak | andêdêl sru pêmadale | ki dipati anjêpluk | makpêt panonira alangking | tyasira têrataban | kokonang kumêpyur | anêngkah-nêngkah tan polah | pan sinêrod pantog ki dipatyanjêlih | lah uwis aja-aja ||

80. wurungêna bae adhuh uwis (67) | ki dipatya barêbêl kang waspa | andruwili sêsambate | kabotan ing panyatu | sanyatane dèrèng nglampahi | sapisan kêdrawasan | winisesa sêngkud | apan sarwi rinarêpa | ginunturan srênggara pêngarih-arih | rapèh sarèh tyasira ||

81. wontên sênggange tyasira kêdhik | tan bêtah kang sarira rêkasa | tansah ngêsah pamuwuse | sudanên pangêludmu | lêlêgêde anyênyamari | dhuh wêlasa maring wang | tan kawawa tèngsun | Mas Cêbolang ngrês tyasira | pan ginêlak ing sakarsanira pinrih | supaya ge luara ||

82. rongèh panrêgira byatning gati | kang kasrêgan ngadhuh ah ah ngêsah | dudu sêbae-baene | ki dipati kêpoyuh | anyêngkêrung sangsaya sakit | gadêdêr akêjotan | gatining prana wus | warastra lon linuaran | pan jumêbrol anjumbul jêjambu mijil | kêbês rêmbês ludira ||

83. anêlêsi anèng kasur sari (68) | sariranira ki adipatya | ngalumpruk marlupa cape | riweanira kumyus | tulang kêju tan bisa osik | Mas Cêbolang sungkawa | myat bêndaranipun | tinuruh wus sinotyanan | ngêmu waspa dènira luaran enjing | gêgêtun Mas Cêbolang ||

84. nulya Nurwitri prapta nèng ngarsi | ambrêbês mili aparêmbèhan | nudingi siptèng ke mase | Cêbolang ngawe wuk-wuk | netya pucat angungun sami | apan sadina pisan | tan bisa alungguh | ki dipati dènya gêrah | Mas Cêbolang anuduh marang Nurwitri | ngambil godhong pa-apa ||

85. ingkang kinèn tan adangu prapti (69) | godhong papa pupuse minantran | pan lajêng winênyêd bae | nulya jêjambunipun | pan pinêtêlakên aririh | pulih wiwironira | gyaning ganda marumarus. | pan wus sênggang gêrahira | nanging taksih wontên lècèke sakêdhik | myang rapuhing sarira ||

86. nulya sagêd lênggah ki dipati | animbali garwa sêlirira | sêdaya prapta tan suwe | samya atap nèng ngayun | wus dinuga gêrahirèki | apan gêrah gêroahgêrowah. | tan lidok ujarku | ngêndika lon ki dipatya | marang para sêlir mundhut dhahar aglis | anulya sinaosan ||

87. wusnya dhahar linorodkên sami (70) | ronggèng ro wus pinaring lorodan | anutug nadhah kalihe | gya cinarikan sampun | ki dipati ngandika aris | mring garwa sêlirira | manirarsa kondur | tatanên panggonan ingwang | gêdhong kulon rêsikana dèn barêsih | sakèhe garwaningwang ||

88. aywana kang lunga-lunga sami | angadhêpa bae raganingwang | aja irèn sarupane | kang liningan umatur |

--- 20 ---

pan sêdaya sêndika sami | ya ta malih ngandika | mring ronggèng ro wau | èh Nurwitri lan Cêbolang | ing saiki muliha mêtu kariyin | ia mring Pakauman ||

89. ywa lunga nèng wismane Jamali | lamun ana ing sakarsaningwang | aja nganti suwe-suwe | dening paringanamuparinganaku. | kabèh padha gawanên mulih | manêmbah kang liningan | samya matur nuhun | wusnya ngandika saksana | ki dipati nulya kondur lan pra sêlir | mring dalêm agêng ngarsa ||

90. ya ta Mas Cêbolang lan Nurwitri (71) | mêdal mantuk marang Pakauman | kang ambêkta dandanane | parèstri jro kang nyangkul | ngiring ki mas lawan Nurwitri | tan dangu nulya prapta | wismaning pangulu | Ki Jamali uluk salam | nulya sêsalaman sarwi ngancarani | marang Ki Mas Cêbolang ||

91. sami kalujêngan dene alami§ langkung sawanda, kabucal: a [lami]. | anauri inggih kalujêngan | Ki Jamali pandongane | ki pangulu amuwus | anak êmas lamun marêngi | mungguh rijêki Allah | kêrana 'llahipun | pan kula mujur sidêkah | sêkadare pun anak gènya maringi | arta kêlawan sinjang ||

92. sawontêne gih kaula ngêmis (72) | saking sakêdhik winratanana | sabab kula dongakake | Mas Cêbolang amuwus | inggih mangke kula ngaturi | anulya wus sinungan | sinjang arta sampun | wiarwiyar (dan di tempat lain). ciut lawan dhêsthar | arta gangsal real Jamali nampèni | maca alkamdu lillah ||

93. nulya kang èstri nyai Jamali | ingkang anèm mèsêm-mèsêm mara | kula pundi ujurane | arta lan sinjangipun | gya sinungan arta tri ringgit | lan sinjang nulya ki mas | pamit mundur mantuk | wus jênak nèng pondhokira | Mas Cêbolang tan suda balunthahnèki | sayombèr angêlantrah ||

94. anèng jawi wus sadasa ari | Mas Cêbolang pan ara§ prayoginipun: arang. kêpalang | apulangyun lan bedhange | mitra pawèstri manggung | nama Jaemanis mantêsi | pêthêl marang pondhokan | èjlèg siang dalu | sabên-sabên tinimbalan | pan kêpanggih anèng pondhokanirèki | Cêbolang Pakauman ||

95. pan binêndon kongsi dèn gêbugi (73) | saprandene nora tobat-tobat | mêksih ambalêbêd bae | iriban siang dalu | Jaemanis mêmanas ati | malah kagunganira | kathah icalipun | arta busana sêdenya | asring Jaemanis ingkang nyonyolongi | sinungkên Mas Cêbolang ||

96. samajade Mas Cêbolang sugih | pan cinatur manggung sêlir samya | ingkang wus wawuh waune | agung pawèwèhipun | busanarta lan burat wangi | ingkang dadya jaruman | Jamal rabinipun | nyai Jamal langkung bisa | luwih dhangan duk nème§ kirang sawanda, katambahan: ê [ênème]. dadya ringgit | sinêlir ki dipatya ||

97. linorod pan pinaringkên maring (74) | Ki Jamali apan wus patutan |

--- 21 ---

kêkalih pan mati kabèh | marma lir prawan kêncur | arang kang wruh yèn wus sisiwi | dhasar wus wanuh lawas | lan ki mas puniku | nanging kang lanang tan wikan | mung bojone kang tua nyai Jamali | wêwadul mring kang lanang ||

98. Ki Jamali mêksih nêngah minggir | winadulan bojone kang tua | nanging tinampèl wadule | yèn nuju giliripun | mring kang ênèm rênês kêpati | rinampad sabên dina | olèh kang jinaluk | saciptane linadenan | liwêt angêt lombok kêncêng lawan pêtis | dhèndhèng gorèng gêpukan ||

99. yèn panganan srabi bang wi lêgi | tan ginopan saliane ana | kang nèm langkung gumatine | yèn gilir mring kang sêpuh | krêp kapiran asring kalingsir | saanane pinangan | mung warêg wêwadul | tan ginitèng wadulira | ing batine Ki Jamali pan wus uning | sêsenggolan kewala ||

100. nora dadi pikire kang runtik (75) | tan ngapaa jaban pari mana | mung buru rênêse bae | nadyan wêruha tuhu | bisa ngampêt nêpsu ngalingi | ya ta ngalama-lama | Mas Cêbolang wau | datan kenging sinayutan | gênti-gênti sêlire ki adipati | akathah ingkang prapta ||

101. jarumane pan nyai Jamali | ngiras jaruman talang turonya | tur dhêmitan saprandene | kêburan akèh wêruh | katur marang ki adipati | kathah ngabên ing basa | dhasar abdinipun | dipati gêthing sêdaya | sang dipati miarsa kêlangkung runtik | pan wus gêmpal sihira ||

102. arsa tinukup cinara maling (76) | nulya nimbali mas patih sigra | tan dangu praptèng ngarsane | lan saprameanipun | ki dipati ngandika wêngis | mas patih sun miarsa | pawarta kang saru | yèn Si Cêbolang nyêlunthang | angalunyat apa nyata wani-wani | mring para sêlir ingwang ||

103. kang katitik mung Si Jaemanis | sabên sun timbali nora nana | katêmu anèng pondhoke | pisan pindho ping têlu | yèn mêngkono cêmêr si santri | ngilangkên kabêcikan | kaya asu buntung | bêcik si dhalang badhudan | nora wurung mêtu edane si anjing | tan kêna binêcikan ||

104. ki mas patih matur biantonibiyantoni. | inggih lêrês duduka paduka | ing jawi gumyah wartine | èstri kathah cininthung | cènthang-cènthêng amêngarahi | kang dèn iwat ambêkta | sagadhahanipun | busanarta nyanyamikan | milanipun abdi kathah ngincim-incim | anging ajrih paduka ||

105. yèn angsala pangajapangajab. kang abdi (77) | angêjura dhatêng pun Cêbolang | abdi dalêm sêdayane | samya gêthing andulu | datan wontên rêmên satunggil | mas patih musawarat | ing prameanipun | sêdaya saur kukila | inggih lêrês ki lurah aturirèki | tan wontên ingkang lêpat ||

106. myang kanca kula pramea mantri | wontên bojone ingkang kakênan | tuwin anak sêdulure | ing mangke wêwah purun |

--- 22 ---

angrêsahi langên priayi | prayogi dipun purak | dimène jur mumur | tan pantês dèn ingu gêsang | pra pramea samya sagah ting barêkis | nèng ngarsane dipatya ||

107. ki dipati ningali pra mantri (78) | samya grêgut solahe gambira | wontên sudane sukane | awêlas jroning kalbu | angandika marang mas patih | kapriekapriye (dan di tempat lain). akalira | aja kongsi luput | ing patine Si Cêbolang | aywa kongsi kawruhan wong sanêgari | mas patih atur sêmbah ||

108. lamun parêng karsa sang dipati | ringkês cinara pandung kewala | kinawalan panyidrane | daraponipun samun | ki dipati pan wus marêngi | ya ta malih ngandika | mring mas patih gupuh | lah ta aywa kêlayatan | mêngko bêngi tukupên caranên maling | mas patih tur sêndika ||

109. nulya kapilih kang para mantri | kang pitaya angêntasi karya | rolas kang wani ing gêtèh | dhinawuhakên sampun | ing pratingkah ngangkah wêwadi | dèn kêna aywa corah | caraning asamun | pramea matur sêndika | nulya kinèn luaran sêdaya mijil | wus samya asêdhia ||

110. lingsir kilèn asar wayahnèki (79) | ya ta kang wontên ing pêmondhokan | pasantrèn Pakaumane | Mas Cêbolang duk lungguh | lan santrine papat bibisik | matur yèn angsal warta | nanging warta tuhu | apan wus katur sêdaya | sarêng myarsa ki mas angrês ingkang galih | nutuh sariranira ||

111. ya ta pikir badhe angoncati | ing rêmbuge santrine sêkawan | nênggih wus surup wayahe | ki mas gumingsir gupuh | santri gendhong tan§ kirang 2 wanda, katambahan: ana. kari | lumêbèng wana wasa | bok bilih binujung | marma lumêbèng ing wana | langkung brangta ing cipta pan badhe mulih | mring rama atur tobat ||

5. AsmaradanaTeks asli: Asmarandana.

1. lan malih matur wus mari (80) | nglakoni tindak bêlasak | ya ta sêmana osike | santri matur paran karsa | ing lampah sampun tita | anggung kabegal ing bathuk | wus sêdhêng mêmarènana ||

2. punika minangka peling | andika putrèng oliaoliya (dan di tempat lain). | lan malih wus wruh surupe | namane ing batal karam | prandene dèn têrajang | Mas Cêbolang sauripun | lah ia wus bênêr sira ||

3. mungna kang wus sun lakoni | yèn malih anglakonana | tobat nasoka yêktine | rumasa yèn antuk dosa | nunjang walêring bapa | kapindho dosèng Hyang Agung | dene sun angrusak sanak ||

4. katut panggawening eblis | kaparêng maksih rinêksa | pan ora sida mêcèthèt | santri Saloka turira | nadyan dika mantuka | wontêna tuk-antukipun | yèn dinangu rama tuan ||tuwan (dan di tempat lain).

5. bab musawarating èlmi (80a) | rèhning kesah sampun lama | sampun katon têmên mangke | lunga nut pikir bêlasak |

--- 23 ---

yêkti wuwuh dinukan | mring ramanta sang awiku | ki mas aris saurira ||

6. bênêr karsanira ugi | lah ta paran karêpira | ingsun darma nurut bae | Ki Saloka aturira | lamun parêng kang karsa | apan ing gunung Sêmèru | pawarti wontên wong tapa ||

7. langkung dènya mati ragi | kinasihan ing Hyang Suksma | bantas ngiwa panêngêne | aran buyut Danadarma | nanging wus ngraga suksma | yèn kang sinung rahmat wau | sang pandhita yêkti ana ||

8. yèn kang tan sinung rahmati | anênggih suwung kewala | puniku ing pawartane | Kartipala nambung sabda | lêrês ingkang pawarta | duk ing dhingin kula tumut | marang swargining pun bapa ||

9. pan wong nênêm kang lumaris (80b) | tur samya apêjah brama | pitung dina ing lamine | prandene suwung kewala | ulihe pêlarasan | malah wontên wong kang tutur | ngalih mring gua Sigala ||

10. Ki Cêbolang mèsêm angling | jajal payo pinaranan | sun tandhane awak ing wong§ prayoginipun: ingong. | yèn ingapura dening Hyang | sayêkti têka ana | yèn tan ingapura ingsun | pêsthine iku tan ana ||

11. yèn mêngkonoa upami | yêkti ingsun ngur matia | lêbur anèng ardi kono | lah kowe bae muliha | matura kyai bapa | wus saya rumasa ingsun | yèn akèh dosa manira ||

12. ing Hyang Suksma lawan malih (81) | kangjêng nabi kang Mustapa | ya ta wus lajêng lampahe | marang gunung Mèrudipa | sêmana byar rahina | mêdal saking ing wana gung | nurut wana tarataban ||

13. ngambah jurang ngiring-iring | pèpèrèng parung aparang | tumurun ing jurang sigrong | tan ana durgama ngetang§ prayoginipun: ketang. | langkung tobat ing Suksma | anangis sajroning kalbu | dèn pêpati sariranya ||

14. datan kawarna ing margi | sêmana pan sampun prapta | ing Mèrudipa sukune | anênggih ingkang lèr wetan | pan wontên guanira | yèn kang tan antuk pitulung | gua punika tan ana ||

15. ya ta nèng ngandhap kusambi | sira Ki Êmas Cêbolang | lawan wong papat rewange | tumingal gua tan ana | langkung susah ing driadriya (dan di tempat lain). | Cêbolang maras ing kalbu | ngrasa yèn ora katrima ||

16. angling mring santrinirèki (82) | wis kabèh padha muliha | matura ing rama mangke | wus kalêbu ujar ingwang | yèn ingsun tan panggiha | kêlawan ingkang pilungguh | wus sun sêdya ngur matia ||

17. anèng ing kene wak mami | santri papat aturira | lêbura kaula dhèrèk | sênadyan pêjah gêsanga | ywa pisah lan andika | mandah§ prayoginipun: mendah. silih dukanipun | ramanta dhatêng kaula ||

--- 24 ---

18. Mas Cêbolang angling malih | yèn mêngkono karêpira | sun tarima sira kabèh | payo padha rewangana | nênêdha mring Hyang Suksma | supaya têmua ingsun | ia lawan sang atapa ||

19. sêmana kasaput ratri | lajêng sami salat kajat | anèng ngisoring pèpèrèng | kèh swara tan piniarsa | mung andulu satunggal | kang karya sêgara gunung | kang tan samar mring kaula ||

20. sêmana wus pitung bêngi (83) | gènira apêjah brama | nèng ngisoring gua kono | gènira mrih kinanthia | dhumatêng sang pandhita | ya ta duk sêmana wau | Mas Cêbolang sinung rahmat ||

6. Kinanthi

1. mung badane dhewe sinung | uninga mring sang atapi | santri papat tan uninga | ya ta sang tapa duk linggih | pitêkur jawining gua | tan samar marang kang prapti ||

2. yèn sutane mitranipun | sigra ingawe mring ngarsi | Mas Cêbolang gupuh mara | praptane sigra nungkêmi | ing padane sang pandhita | sang tapa angrangkul aris ||

3. sarwi angandika arum | owêl têmên sira iki | dhasar anaking pandhita | kapindho warnamu sigit | dene polahmu bêlasak | apa wus tobat sirèki ||

4. dening katêmu lan ingsun (84) | tur sêmbah kang sinungan ling | matur inggih sèwu tobat | yèn anglampahana malih | nênggih panggawe§ kirang sawanda, katambahan: kang. salah | ngêmungna kang wus kawuri ||

5. gumujêng sang apalungguh | sarwi angandika malih | owêl têmên ngèlmunira | wulange ramanirèki | dadak sira go slèwèngan | mêngko ingsun awawarti ||

6. yèn sira durung sumurup | ramanira lawan mami | aprasasat tunggil wêlad | duk anom lan ingsun iki | guru Sèh Kadir Jalena | Ki Agêng Karang kang dhingin ||

7. anèng Karang têlung taun | pondhoke tunggal lan mami | pisah-pisah barêng tua | wus tega prêcaya sami | gon tinitah anèng donya | nadyan tan kêpanggih lami ||

8. ramanira lawan ingsun (85) | sasat tan pisah saari | saking wus tunggil ing rasa | nanging manira wus dugi | kang pinaringakên sira | paraboting salat dakim ||§ prayoginipun: daim.

9. arsa ginayuhkên dhuwur | sun duga ramanirèki | durung prêcaya ing sira | kang sinung ujar wotsari | matur mangsa borong tuan | kados sampun ngudanèni ||

10. ya ta papat santrinipun | samya gêgêtun tan sipi | myarsa lurahe kêtrima | sinung uninga sang rêsi | kêtara bikut sêmbahnya | mokal yèn nyêmbah ing sêpi ||

11. ya ta sang pandhita sampun | nyipta dhadharan mawarni | sinuguhakên kang prapta | aglar nèng ngarsanirèki |

--- 25 ---

sêkul ulam dhadharanan§ prayoginipun: dhadhaharan. | Mas Cêbolang jêngêr uning ||

12. tumon sêktine sang wiku | kêlangkung dènira ajrih | sang tapa alon lingira | payo mas dhaharên nuli | iekuiyèku (dan di tempat lain). riayanira | wong mêntas apati gêni ||

13. kang sinung ling matur nuhun (86) | ya ta wus anadhah nuli | langkung saking kanikmatan | sang tapa pan angecani | tumut adhahar wowohan | dangu dènira abukti ||

14. sawusira dhahar matur | Mas Cêbolang mring sang tapi | punika rencang kaula | paran karsa tuan inggih | punapa inggih kenginga | lawan paduka pêpanggih ||

15. sang tapa aris sumaur | iku babo nora kêni | lah ia sênadyan sira | mung sun wangêni sawêngi | bês sesuk nuli muliamuliha. | marang Sokayasa ardi ||

16. ramanira sakêlangkung | onênge mring sira ugi | lan malih yèn ramanira | dhayohan putra wus lami | roro kang siji wanodya | ieku putra ing Giri ||

17. sarusake Giri iku (87) | binêdhah mring Pangran Pêkik | garwa putra pan sêdaya | binoyong marang Matawis | ana putra sing ampeanampeyan. | titiga tunggal sabibi ||

18. Jayèngrêsmi ingkang sêpuh | mangulon parane ngungsi | Jayèngsari pan arinya | lan arinipun pawèstri | yèku babo ingkang prapta | têmu lan ramanirèki ||

19. wus lawas gyanira pangguh | ia sapungkurirèki | Mas Cêbolang duk miarsa | pangandikane sang yogi | kumêpyur ana kêrasa | ing tyas kang tamu pawèstri ||

20. tur sêmbah alon turipun | yèn parêng karsa sang yogi | rencang kaula punika | badhe kaula wartèni | yèn amba ing dintên benjang | ênggèn paduka nglilani ||

21. sang tapa ngandika arum (88) | ia wartanana sami | lan maninge paringana | sêkul lan dhadharan sami | kang liningan sigra mentar | bêktèng dharanan§ prayoginipun: dhaharan. lan nasi ||

22. miwah lan saulamipun | mawarna-warna mêpêki | praptane sinungkên sigra | santri papat suka ngênting | ya ta nulya winartanan | kapat sukane tan sipi ||

23. Mas Cêbolang sigra wangsul | prapta ngarsane sang yogi | gambuh ing solah wiraga | sêmana kasaput ratri | sang tapa wus manjing gua | Mas Cêbolang pan ingirid ||

7. Gambuh

1. praptèng jro gua sampun | sang tapa lênggah ing sela pingul | sang minta sih anèng keringira linggih | ya ta jatèni asung wruh | sang tapa marang sang anom ||

2. dene wong urip iku | ingkang sayêkti pêsthi yèn sinung | kanugrahan maring Hyang Kang Maha Tinggi | ingaran badan cahya nur | wiwitan wêkasan kono ||

--- 26 ---

3. pêsthi langgêng puniku (89) | ananing Hyang dene ta sirèku | wahya mulya tan kajisim ananèki | puniku pan arsa wêruh | kang sinung ling matur alon ||

4. rumiyin amba ngrungu | nênggih ingkang wirayat puniku | pan paèsan wahya jati kang sayêkti | jatmika kadulu lêmbut | punapa inggih sayêktos ||

5. sang tapa ris sumaur | dening kang aran paèsan iku | sayêkti§ kirang sawanda, katambahan: ne [sayêktine]. ia jasat roh ilapi | paèsan jatmika iku | lêmbut tan bisa maring gon ||

6. dening ta wijilipun | wahya jatmika jasat puniku | ing têgêse kabèh iku roh ilapi | pan paèsan têgêsipun | ywa salang surup ing kawroh ||

7. ana malih winuwus (90) | paèsan tan mantuk ing dhirèku | lawan jasat ia tan mantuk ing dhiri | ia êndi rupanipun | paèsan kang ngilo jatos ||

8. lawan wayangan iku | êndi silih ia purbanipun | Mas Cêbolang umatur saha wotsari | kasinggihan sang pukulun | kaula nuwun jinatos ||

9. sang tapa mèsêm muwus | Allah ia ing sasmitanipun | apan kadi wulan ing ananirèki | paèsan kang wahyèku§ kirang sawanda, katambahan: ka [kawahyèku]. | jatmika lêmbut tan awor ||

10. êndi ta rupanipun | wayahwahya. jatmika tan anèng wujud | lunga ingkang paèsan paran puniki | undhak-undhak sasmitèku | ana kang angilo kono ||

11. kadi paèsan sèwu | wêwadhahe paèsan di luhung | datan ana rupanta anane nênggih | gêdhah isi hèrnawèku | yèku prênahe Hyang Manon ||

12. padhesi wulan iku (91) | sami rupa sasi gêdhah sèwu | kasênênan dènirèng gêbyaring sasi | sasi tunggil warnanipun | êndi sasine kang yêktos ||

13. kang sinung ujar matur | inggih tuan jarwakna pukulun | sang tapa ngling dening sasmitaning sasi | kang nèng jro paèsan iku | aisi madu kinaot ||

14. dene kang wahya iku | apan wêwayangan yêktinipun | apan dudu kahananing Hyang kang jati | lamun sira arsa wêruh | angiloa damar kono ||

15. lir jasad sumbunipun | ia iku mangka jisimipun | ia êndi rupane jasad puniki | kawruhana urubipun | lan surupe arsa wêroh ||

16. ing uripe puniku | duk durung prapta di uripipun | lawan êndi rupane damar puniki | yèn mati di gon sumurup | labête gêni kang rawoh ||

17. sasmitaning nyawèku (92) | nênggih lawan jisimira iku | ia êndi rupane nyawa lan jisim | api êndi labêtipun | kang sinung ling matur alon ||

18. têgêse Islam iku | sampurnane êndi ingkang tinut | sang pandhita aris dènira nauri | rokani rêke puniku | kalbuning mukmin kinaot ||

19. mukmin ingkang linuhung | ingkang tan pêgat sêmbahyangipun | dening padhanging tyas kang arsa matitis | kang bisa matèkkên iku | ing badan anggung winasoh ||

20. pêsthi kalamun sinung | padhanging tyas ya maring Hyang Agung |

--- 27 ---

kang liningan umatur sarya ngabêkti | kaula malih umatur | têgêse salat kinaot ||

21. mênggah ing têrtibipun (93) | adêge utawi yèn lungguh§ kirang sawanda, katambahan: a [alungguh]. | sang tapa ngling kang rukuk pan angsal§ prayoginipun: asal. angin | dening ia uripipun | angsal bumi kang alunggoh ||

22. dening takbir puniku | makripate kang sampurna iku | olih banyu dening kang sarengat singgih | kasuciane puniku | tan owah gingsir ing ênggon ||

23. lan tan woworan iku | dènira non marang ing Hyang Agung | ing lungguhe kakekat lungguhe nênggih | yun angrawit ing pandulu | lan tan owah ing wiraos ||

8. Sinom

1. kang sinung ling matur nêmbah | paran ingkang asal angin | lawan kang angsal pratala | sang pandhita anauri | adêg uripirèki | sabda Allah tahyatipun | pan ia iku Allah | sabdèku rukune singgih | sujud Allah urip nêlahi buana ||buwana (dan di tempat lain).

2. pan lungguhe ingkang sabda (94) | sêmbahyange iku singgih | tan pêgat ing takbirira | rukun sadat sarengati | ka§ prayoginipun: kang. tarekat puniki | sêmbahyang rêke pamuwus | angsal angin punika | kêlawan toya sêjati | ayun awas babo ing paningalira ||

3. dening sipat têgêsira | karêp-karêp kang puniki | marang panggawe utama | karêp kang mring rasa jati | rasa kang idhêp maring | Muhammad tuwin Hyang Agung | angsale bumi ika | lungguhe kakekat singgih | angsal angin pan ora kêna ingisab ||

4. angsal bumi saking hawa | banyu saking aksarèki | alip kang mangka wêkasan | kang liningan matur aris | tuan lajêngna malih | pan mèh padhang manah ulun | gumujêng sang pandhita | sarwi awêcana aris | karêp lawan cahya pan ing têgêsira ||

5. madi têgêse Muhammad (95) | kahnaning nêpsu puniki | kang angsal angin punika | dadi badan iku yêkti | dhadha dadining warih | êdat saking bumi iku | ampêru saking brama | banyu apan dadi ati | banyu luhung seje ingkang dadi dhadha ||

6. angin apan dadi swara | bumi luhung dadi budi | êndi kang katur pangeran | ia ingkang anèng ngarsi | dèn waspada sirèki | bumi kang katur rumuhun | paran ing aturira | nur cahya ingkang sayêkti | angsal banyu nênggih sujude punika ||

7. nora katur ing pangeran | nur mani yun kang nampani | angsal bumi saking rasa | ya rahman iku sayêkti | rane kang ngrungu nênggih | de pangucap jroning kalbu | ièku abu lulah | lir cahya warnanirèki | jro sêgara uripe pan kadi rêtna ||

8. lungguh pucaking kang grana | kang rukuk pan angsal warih | dèn adhêpkên mring sirullah | cahyane lir lintang ngalih | wruh ing jasad pribadi | parêke lawan Hyang Agung |

--- 28 ---

nora sakuthu ia | lan pangeran rasa tunggil | ing artine wus nora nana Pangeran ||

9. wus puji-pinuji dhawak | angèl kang ujar puniki | yèn kang tan sinung nugraha | saratana mati ragi | karêmêning Hyang Luwih | manusa kang tabri namun | kang agung mati raga | kang rumasa gènya urip | nora pisan ngaku uripe priangga ||priyangga (dan di tempat lain).

10. ngrasaa yèn badhe pêjah (97) | anèng donya iki kampir | sumungkêm Ki Mas Cêbolang | ing padanira sang tapi | matur kang mugi-mugi | angsala bêrkat§ prayoginipun: bêrkah. pukulun | sagêd anglampahana | ing wulange sang ayogi | wus§ prayoginipun: pan. sinigêg sêmana wus byar rahina ||

11. sêdaya dènya mumulang | ing ngèlmu ingkang ginaib | kang winulang tyasnya padhang | sêmana tinundhung mulih | sarta winêling-wêling | tur sêmbah ki mas dyan mundur | mêdal saking jro gua | wus panggih lan rencang sami | pan winartan sarèh kalanèng jro gua ||

12. rencang papat samya bungah | nêrka yèn ki mas ing mangkin | karêm marang kautaman | ya ta lajêng mangkat sami | darung lampahirèki | gènira badhe umantuk | daya-daya wikana | nênggih dhatênging têtami | kunêng ingkang nèng marga gantya winarna ||

13. kang nèng gunung Sokayasa (98) | Jayèngsari pan wus lami | anèng ardi Sokayasa | lan ari Kèn Rancangkapti | anglir putra gèn yogi | sang tapa pangrêngkuhipun | pan wus têlas sêdaya | ngèlmu ingkang haib-haibgaib-gaib. | kang ginêdhong kinandhut wutah sêdaya ||

14. dhasar manahe rahadyan | pasang graitane lantip | marma kang tapa sangsaya | trêsna trusing lair batin | dening asmarèng ngèlmi | mèh supe putra kang nglangud | nanging sang apandhita | tan samar putra mèh prapti | lawan sarta antuk nugrahaning Suksma ||

9. AsmaradanaTeks asli: Asmarandana.

1. sêmana kang tapèng lagi | pinarak anèng ing langgar | bakda ngasar ing wayahe | pan amulang ngèlmu rasa | marang kang wau prapta | lan mulang rakiting laku | kang bisa mati jro gêsang ||

2. gêsang sajroning kêpatin (99) | sêlamine mung punika | kang dèrèng winulangake | santrine ngadhêp nèng ngandhap | nênêm ingkang sêdasa | nèng têgal andhangir kimpul | otèk jagung lan kêtela ||

3. timun kênthang lan kêrai | nahên wau kang lumampah | kapidulur lan santrine | datan kawarna ing marga | sêmana sampun prapta | ngandhap Sokayasa gunung | ya ta langkung patêgalan ||

4. kagyat kabèh wong kang dhangir | tumingal mring Mas Cêbolang | sigra sami mara age | praptane sami karuna | angling kula tan nyana | yèn andika ingkang rawuh | dening lami têmên nyawa ||

5. kesah andika mring pundi | kanca-kanca pan anêdya | ngupaya ing sarirane |

--- 29 ---

rama andika tan suka | mêkatên kang timbalan | wus aja kudu koruruh | besuk pan eling priangga ||

6. balèni panggawe bêcik (100) | guangguwang (dan di tempat lain). gawene kang ala | yèn sinyata§ prayoginipun: sanyata. anak ingong | aywa susah koupaya | besuk mulih priangga | tur anggawa ngèlmu luhung | punika kang pangandika ||

7. rama andika inguni | marmane kanca manira | sami akèndêl kemawon | gumujêng Ki Mas Cêbolang | sarwi aris wêcana | dening daya-dayanipun | olèha ngèlmu sampurna ||

8. lawan sun tanya sayêkti | kangjêng rama kêdhatêngan | roro sawiji bature | ing pawarti wus alawas | ing kene kêdhatêngan | ingkang tinanya umatur | saèstu wontên wong prapta ||

9. saungkur andika inggih (101) | mung kaot sapuluh dina | tamu punika praptane | bêkta sêdhèrèk wanodya | warnanipun yu endah | rama paduka sang wiku | kêlangkung gènira trêsna ||

10. dhatêng ingkang wau prapti | kinêmpit dalu rahina | lir putra gèn yoga dhewe | miwah ta ibu paduka | sami mêkatên uga | tan mantra-mantra puniku | lamun putra pêpanggihan ||

11. nanging ta wartaning warti | puniku pan pêlajêngan | putra ing Giri kêdhaton | duk bêdhahe Sokaraja | garwa putra parêkan | binoyong marang Matarum | puniku gènipun kesah ||

12. têgêse puniku ngungsi | anamur amêndhêm kula | marma ramanta yêktine | kêlangkung gènira wêlas | dhatêng kang wau prapta | kados tan samar puniku | ramanta sang apandhita ||

13. marang puniku kang prapti (102) | Mas Cêbolang aris mojar | wis payo matura age | ia maring kangjêng rama | kalamun ingsun prapta | pan wus tobat kapok ingsun | narajang walêring bapa ||

14. aturêna kabèh sami | sagunging supataningwang | agupuh ingkang kinèngkèn | minggah marang ing aldaka | ya ta sapraptanira | ingngarsanira sang wiku | sang pandhita wus uninga ||

15. sinamur atakèn aris | dene gati lakunira | lah baya ana gawene | Ragatruna atur sêmbah | amba atur uninga | yèn putra paduka rawuh | kèndêl anèng patêgalan ||

16. amba kinèn tur upèksi | inggih dhumatêng paduka | pan akathah prasêtyane | katura dhatêng paduka | ya ta katur sêdaya | saliring pitungkasipun | sang tapa gumujêng suka ||

17. ngandika sukur yèn mari (103) | pêgawèhane kang salah | eling lamun putraningong | Jayèngsari matur nêmbah | punapa ta punika | kang tuan raosi dalu | putra paduka kang kesah ||

18. sang pandhita anauri | ia kulup arinira |

--- 30 ---

kang sun catur sêlawase | nanging sun duga ing mangkya | wus eling têtêmênan | kadangira watarèngsun | bangêt tobat ing Pangeran ||

19. Jayèngsari matur aris | kados lêrês sabda tuan | inggih kadospundi malèh | kêlamun botên mantuna | punapa tan rumasa | lamun putranta pukulun | gumujêng§ kirang sawanda, katambahan: gya [gya gumujêng]. sang atapa ||

20. ngandika Ragatruna ris | enggal nuli timbalana | Ragatruna wangsul age | praptaning ngandhap wus panggya | lawan Ki Mas Cêbolang | Ragatruna lon umatur | paduka anggèr ngandikan ||

21. ing rama tuan dèn gipih (104) | pan sampun katur sêdaya | sawêling andika rêke | prasêtya katur sêdaya | dhatêng rama paduka | sarêng myarsa atur ulun | ramanta kêlangkung suka ||

22. kula kinèn wangsul gipih | animbali jêngandika | ya ta Mas Cêbolang age | minggah umarêk ing rama | sarêng wau katingal | kang rama angawe gupuh | kang putra lumampah enggal ||

23. sapraptaning ngarsa nuli | anungkêmi padèng rama | kang rama nêsêp êmbune | pan sarwi anênggak waspa | Mas Cêbolang karuna | akathah prasêtyanipun | katur dhatêng ingkang rama ||

24. ya ta Radèn Jayèngsari | tumungkul anênggak waspa | pan kêraos sarirane | akathah ingkang kêrasa | kèngêtan kadangira | tan karuan paranipun | nêbut sadalêming dria ||

25. sang pandhita ngandika ris (105) | mring putra Ki Mas Cêbolang | lah payo kulup dèn age | ngabêktia kakangira | lah babo iku nyawa | pan ya sêdulurmu sêpuh | sun tunggilkên roh lan sira ||

10. Mêgatruh

1. ya ta ingkang liningan anulya gupuh | ngabêkti mring Jayèngsari | sawusnya tata alungguh | rêsêp tyase Jayèngsari | marang ingkang lagya rawoh ||

2. ngalêm ing tyas Jayèngsari mring kang rawuh | iki wong ladak mantêsi | sasolahira apatut | layak wanodya kèh asih | andulu wong kang mêngkono ||

3. tan prabeda Mas Cêbolang mawas dulu | angalêm sajroning ati | angling ing tyas dene bagus | dhayohe rama kiai | wingit cahyane mancorong ||

4. ajatmika pêsaja bagus aruruh (106) | ya ta kang rama ngling aris | Jayèngsari putraningsun | aja taha-taha kaki | mring arinira angrêngkoh ||

5. kang liningan tur sêmbah langkung anuhun | umatur sarwi wotsari | mugi èstua pukulun | sagung timbalan kang maring | kaula wahyu kang dhawoh ||

6. dening sangêt têmên gèn tuan angrêngkuh | mring kula wong kawlas asih | marmamba langkung anuhun | mung Allah Kang Maha Tinggi | nêksènana raganingong ||

7. anggêp amba mring tuan trus batin kalbu | atanapi sira yayi | aywa taha mring wakingsun |

--- 31 ---

ingsun iki ngungsi urip | ngungsèkên sêdulur wadon ||

8. anèng kene têmahan ingambil sunu (107) | marang ing kangjêng kiai | pan yêkti sun utang umur | nuhun-nuhun kang sinung ling | ya ta sang tapa agupoh ||

9. animbali marang ing Rubiahipun | kang pinanggil mêdal nuli | lawan wau putranipun | sira Nikèn Rancangkapti | dangune pijêr nèng pawon ||

10. bok Rubiah tan uning yèn putranipun | Mas Cêbolang ingkang prapti | sapraptaning langgar dulu | mring putra pan rada pangling | wus lami dènira bolos ||

11. sang atapa anjarag pan ora tutur | Mas Cêbolang gupuh nuli | ngraup padane kang ibu | kang ibu wus mari pangling | wêsana nangis anggêmbor ||

12. lara-lara akathah sêsambatipun | katuonekatuwone. sira gusti | apa tan wêlas maring sun | lan malih sira wus eling | yèn atmajaning kinaot ||

13. ingkang putra wlas tangise ingkang ibu (108) | sênggruk-sênggruk mèlu nangis | Rancangkapti lênggah pungkur | dhakukul marêbês mili | langkung wlas mulat ing êmbok ||

14. dening langkung bok Rubiah trêsnanipun | lir ibu-ibu sayêkti | marma Rancangkapti muwus§ prayoginipun: muwun. | tan nangisi ingkang prapti | saking wlas dulu mring êmbok ||

15. sang pandhita alon angandika arum | wis padha aywana nangis | aran praptane rahayu | sutanira sinung eling | marang Hyang Suksma kinaot ||

16. tan winuwus kang onêng marang ing sunu | ya ta ing antara lami | rêmbag kalih-kalihipun | Jayèngsari anglangkungi | mauwau. dènira acondhong ||

17. marang Ki Mas Cêbolang lir kadang tuhu | tan kenging pisah saari | samya angrasèhkên ilmu | runtut wus tunggil pamanggih | marma ywa tanggung dadya roh ||

18. pan cêndhake bae ing wau cinatur (109) | sêmana sampun apanggih | Mas Cêbolang lawan wau | sira Nikèn Rancangkapti | siang dalu akaroron ||

19. ibu rama langkung sukanira§ prayoginipun: sukanirèng. kalbu | miat mring putranirèki | gènira krama aruntut | ya ta ing antara lami | kang rama grah lajêng layon ||

20. ingkang putra langkung sungkawane kalbu | antawis ing pitung ratri | kang garwa nusul asurud | lajêng sinare anunggil | lan sang tapa kilèn gandhok ||

21. langkung dening sungkawa kang kantun-kantun | saya kagagas ing galih | Jayèngsari ciptanipun | dene ta kurang sathithik | dhawuh kang timbul maringong ||

11. Maskumambang

1. pan antara sawulan surudirèki (110) | sira sang atapa | santri Saloka tur pèksi | mring Jayèngsari wêwarta ||

2. amarêngi lênggah masjid lan kang rayi | sira Mas Cêbolang | lan garwane Rancangkapti | pan agunêm ngèlmu rasa ||

3. kagyat sarêng myarsa Saloka turnèki | ilang bayunira |

--- 32 ---

sira Radèn Jayèngsari | tumungkul asangga uang ||uwang (dan di tempat lain).

4. Ki Saloka matur malah wus kaping tri | ing sasurudira | ramanta kangjêng kiai | wong puniku gênya prapta ||

5. panggih lawan kula langkung nyalawèdi | wong kêkalih apan | abusana cara santri | ngakên santri Surabaya ||

6. tan anyana kula yèn puniku têlik | gèn takèn ing radyan | langkung dening niti-niti | kaula inggih bêlaka ||

7. wingi kula mring ngare sampun apanggih (111) | sanak Surabaya | mring wismanipun pak Kêmis | lajêng jawil mring kaula ||

8. yèn paduka ginêm§ kirang sawanda, katambahan: ang [angginêm]. Pangeran Pêkik | sawab wong punika | padagange Pangran Pêkik | marma ing gunêm waspada ||

9. saya anglês rahadèn duk amiarsi | aturing Saloka | ngandika ris mring kang rayi | lah yayi sira karia ||

10. ingsun titip marang garwanira yayi | bokmênawa lêpat | poma apuranên yayi | manira arsa mulana ||

11. ngongoncati marang gunêm kang tan bêcik | nanging ia poma | wartakna gon ingsun yayi | ya ta kang sinung wêcana ||

12. Mas Cêbolang lan garwanira nungkêmi | padane kang raka | sarya sru dènira nangis | Rancangkapti magêp-magêp ||§ prayoginipun: mêgap-mêgap.

13. apan lajêng kantaka Kèn Rancangkapti | pan wus timur mula | yèn muwun pêgêl kang galih | atêmah niba kantaka ||

14. Jayèngsari ya ta angandika aris (112) | adhuh ariningwang | adat têmên sira iki | yèn nangis banjur kantaka ||

15. ngêndi ana ing wong pipikiran bêcik | têmahane padha | andadak sira tangisi | ya ta sira Mas Cêbolang ||

16. ingkang garwa pinangku sarya anangis | adhuh mirah ingwang | paran polah ingsun kari | yèn sira tulus palastra ||

17. baya-baya ingsun edan turut margi | nimas awungua | ya ta Radèn Jayèngsari | kang rayi wus sinotyanan ||

18. nulya nglilir pupungun anangis ririh | angling ingsun kakang | suthik kari anèng riki | sênadyan mati uripa ||

19. nora gêlêm pisah lan sira sayêkti | gumujêng kang raka | nora kaya sira iki | munduran kaya duk bocah ||

20. pae dhingin sira duk durung akrami (113) | saparan pan mangsa | kênaa sah lawan mami | ing mêngko wus duwe krama ||

21. yêkti abot ing wong angladèni laki | sira Mas Cêbolang | nambung sabda sarwi nangis | punapa inggih kaula ||

22. tuan kesah kula pan dinalih kari | mangsa ta puruna | sapurug amba tut wingking | sanadyan pêjah gêsanga ||

23. nadyan inggih pêjah gêsang ajêng uning | kang raka ngandika | paran polah ingsun yayi | lamun sira tut wuria ||

24. sayêktine nora olèh dene yayi | ia pêt-umpêtan | Saloka nambung sabda ris | yèn kêdah têmên rayinta ||

--- 33 ---

25. atut wuri marang ing paduka inggih | pan kêjawi kanca | sêdaya kinèn angari | yèn malih wontên wong prapta ||

26. yèn pitakèn ing paduka inggih gampil (114) | ing saawad-awad | kula warti yèn wus anis | saking ingriki wikana ||

27. ing puruge kula botên nguningani | yèn sampun paduka | andhok nuntên tuan nuding | asung wruh dhatêng kaula ||

28. gih pun Buras tumuntên paduka tuding | pêsthine kaula | lan sanan§ prayoginipun: sanak. anusul sami | inggih dhêmitan kewala ||

29. pan sêdaya mangsa sida daka inggih | pisah rayi tuan | wong kanthèt-kinanthèt sami | tan wontên seje satunggal ||

12. Kinanthi

1. bab kabèh sêntananipun | wus ingundang sami prapti | andhèr sêdaya nèng langgar | ya ta sampun dèn wartèni | marang sira Ki Saloka | kabèh panuju ing pikir ||

2. wusnya dadi rêmbagipun (115) | Jayèngsari sungkèng§ prayoginipun: sukèng. galih | tuwin sira Mas Cêbolang | langkung suka Rancangkapti | dene awurung tinilar | nahênta kasaput ratri ||

3. ing dalu datan winuwus | sarêng byar angkatirèki | sagung kang para sêntana | ngatêr wangsul ngandhap ardi | prasamya angêmu waspa | kang lunga lawan kang kari ||

4. ya ta kang kesah lêstantun | Mas Cêbolang Jayèngsari | Kèn Rancangkapti pun Buras | nèng ngarsa atuduh margi | katiwang-tiwang lampahnya | Sokayasa wus tan kèksi ||

5. lampahe kawêlas ayun | dulur wong catur lumaris | wus têbih ing lampahira | sampun manjing ing wanadri | dhusun jurang minggah arga | Rancangkapti anggung nangis ||

6. ngrèmpong tan bisa lumaku (116) | ginendhong mring raka nuli | Mas Cêbolang langkung sayah | pun Buras ingkang gêntèni | sêdangunira mêngkana | wau dènira lumaris ||

7. nurut wana ardi kidul | mangilèn lampahirèki | tan winarna solahira | ing lampah wus tigang ratri | kèndêl yèn dalu kewala | kêlangkung kawêlas asih ||

8. ya ta aningali gunung | alit kêlangkung rêspati | ing pucak anèng wong tapa | gènipun tapa wus lami | siji pan datanpa roang | kinasihan ing Hyang Widi ||

9. aran Ki Sèh Èrcaranu | tuan§ prayoginipun: tuwa. pan wus kaki-kaki | apanta kaprênah canggah | mring Ki Banyubiru nguni | kang pratapa§ prayoginipun: mratapa. ardi Lima | wus ngraga§ kirang sawanda, katambahan: a [angraga]. suksma yêkti ||

10. arang wong kang wruh ingriku | saking angkêre nglangkungi | Sèh Èrcaranu tan samar | yèn badhe wontên wong prapti | satriasatriya (dan di tempat lain). alaku papa | langkung asih kawlas asih ||

11. langkung awlas sang palungguh | marang sira sang kaswasih |

--- 34 ---

ya ta wau kang lumampah | kèndêl anèng soring wuni | suku ardi kang lèr wetan | tumawing jurang atrêbis ||

12. gurda gung langkung asingub | singube ngungkuli wuni | samya tumiungtumiyung (dan di tempat lain). ing jurang | jurange langkung atrêbis | ngisor panggènaning sima | ting galêro mêmêdèni ||

13. kang raryan pan ora keguh | ngêningkên ciptaning galih | mung ketang kang karya jagad | marma rumarasira nir | kwèh swaraning pêksi munya | mangsa wohing gurda sami ||

14. umyang rêbut woh abarung | mawarna-warna kang pêksi | mrak nyangungong ing paragak | kang sata wana nauri | jêgigèr swara angatag | kinèn panggiha sang rêsi ||

15. kang mêngkana pèngêtipun (118) | kang raryan grahitèng galih | ya ta non pucak aldaka | ana wong tua alinggih | pitêkur muji Pangeran | sêmune brangti Hyang Luwih ||

16. ya ta radyan mara gupuh | sumêngka marang ing wukir | sêdaya pan samya minggah | sapraptanira inginggil | sarêng cêlak lan sang tapa | ki sèh pan angawe gipih ||

17. lah banjura putuningsun | aja sira wêdi-wêdi | gupuh wau kang ingatag | sapraptanira ingarsi | ngaras suku dêlamakan | sang tapa angrangkul aris ||

18. sarwi ingaras kang êmbun | katiga ginênti-gênti | ri wusnya tata alênggah | langkung samya aminta sih | tumungkul dènira lênggah | sang tapa angrês ing galih ||

19. tan samar sasolahipun (119) | wêsana ngandika aris | sang pandhita mring rahadyan | adhuh putuningsun kaki | dening liwat kawlas arsa | ing solahira mas gusti ||

20. dèn narima putuningsun | pan wus kêrsaning Hyang Widi | sira dadi lêlampahan | kawit wong tua kang mawi | ramanta marma dinukan | dening Hyang Kang Maha Lêwih ||

21. lali pancèn arsa mêngku | angangkah ing tanah Jawi | kualènkuwalèn. arsa binuangbinuwang. | marma apantês malati | tuastuwas (dan di tempat lain). rusak ngajak-ajak | marang anak putu wuri ||

22. marma putu wêkas ingsun | marang ing sira dèn eling | ywa ngambah pikir bêlasak | lan dèn awas sira kaki | kang katibanan nuring rat | aja sira wani-wani ||

23. ywa tiru ramanirèku | lali ing bangsèku yêkti | marma sru dukaning Suksma | kang liningan awotsari | salugut pan botên nêdya | acipta kadya kang wingking ||

13. Pangkur

1. sangêt panuwun kaula (120) | lamun amba darbe krêkêtkrêkat. samênir | mung mikir lujênging purug | sampun binurak-burak | inggih namung têntrême manah pukulun | lan malih kang dados manah | kadang kaula sayêkti ||

--- 35 ---

2. sêpuh punapa inggiha | mêksih gêsang utawi yèn ngêmasi | sang tapa mèsêm sumaur | ywa susah manahira | kadangira sayêkti mêksih rahayu | nanging adoh panggènanya | mêngulon parane ngungsi ||

3. aja susah mikir kadang | awakira lah rêksanên pribadi | yêkti gal lawase têmu | sok uga sêlamêta | Jayèngsari tur sêmbah alon turipun | kadospundi karsa tuan | mring amba manggih basuki ||

4. sang tapa gumuyu suka (121) | aja maras tyasira putu mami | yèn ta mêksih jênêng ingsun | nanging mung lujêngira | lan sirêpe aja ana kang angruruh | nanging sarate mas nyawa | dèn asru brangti Hyang Widi ||

5. lah nuli sira mangkata | ana alas kapit ing ardi alit | tinêpung jurang atrêjung | arane Wanataka | dhudhukuha mas putu wontên ingriku | matèkêna raganira | amung dêlênga sawiji ||

6. marang Hyang Suksma wisesa | matur nêmbah wau kang sinungan ling | sêndika sarèh pukulun | amba darmi lumampah | sang pandhita ngandika ingsun tut pungkur | angatêrakên ing sira | mrênahkên ênggonirèki ||

7. lêga tyasira sêdaya (122) | ya dening sang pandhitarsa tut wingking | sang tapa ngandika arum | wis kabèh putuningwang | ia padha gujêngana nyamping ingsun | lan poma padha mêrêma | aywana kang mêlèk sami ||

8. yèn ingsun durung parentah | pan sêndika wau kang dèn dhawuhi | nulya sami nyandhak gupuh | ing nyampinge sang tapa | sang pandhita dhatêngkên karamatipun | sakêdhap anulya prapta | ing ênggèn kang dèn êsiri ||

9. nênggih ardi Wanataka | kang ing têngah kapit gunung dèn goni | kinêpung jurang atrêjung | masjide pan wus ana | langkung pelag kinubêng balumbang têpung | rêsik palataranira | sasêkarane mêpêki ||

10. miwah ingkang pala kirna | ingkang tiris ngubêng karangan asri | andadi-dadi wohipun | rakit-rakite kadya | kaya uwus dhukuh kanggenan sawindu | sêjatine kang karamat | Sèh Èrcaranu linuwih ||

11. mèh timbang lan waliulah (123) | karamate sasat pandhita luwih | lan agêng subratanipun | sajêg tan kambon upa | milanipun kinasihan ing Hyang Agung | barang saciptane dadya | ya ta wusira anuli ||

12. kang wayah kinèn mêlèka | kang ingatag kagyat mulat umèksi | anon pakarangan agung | sangkêpan§ prayoginipun: sangkêp pan. sarwa ana | wus anarka karamate sang awiku | langkung sami ajrihira | sang pandhita angling aris ||

13. wis dèn enak atinira | anèng kene aywa amutawatir | kang sinung ujar anuhun | cinêndhak kandhanira | pan cinatur sang tapa têngga nèng riku | mumulang marang rahadyan | apan ngantos kalih sasi ||

14. wus antuk wêdharing rahsa (124) | langkung suka wau rahadyan kalih | sang tapa ngandika arum | lah wis sira karia | apan sira uwis padha lawan ingsun |

--- 36 ---

lêwih ing pênganggènira | lan malih ngaliha nami ||

15. putuningsun kang atua | Jayèngsari asiliha wêwangi | Sèh Mangunarsa apatut | dene Ki Mas Cêbolang | anamaa Sèh Anggungrimang pan anut | angêmpèk namaning bapa | putuningsun kang pawèstri ||

16. mêksiha arane lama | ya Si Buras ingsun paring wêwangi | Ki Santri Monthèl puniku | nuhun kang sinung aran | angling malih sang pandhita manis arum | putuningsun Anggungrimang | bêcik misaha gènèki ||

17. anaa saloring jurang | dadya antuk wong ngêningakên§ langkung sawanda, kabucal: a [ngêningkên]. pandêling | lan ora ngregoni iku | ing ciptane kakanta | kang liningan sabda sêndika turipun | punapa sarèh paduka | amba pan darma nglampahi ||

18. ya ta sang tapa anulya (125) | anuduhkên kang putra kalih ngiring | saonjotan têbihipun | lawan ênggèning raka | pan wus manggih padhukuhan sri dinulu | saking sabdaning pandhita | barang saciptane dadi ||

19. kêlapa kadya tinata | pan adharik nèng pinggir dhadhah sami | wowohan pala gumantung | amêpêki sarwana | wismanira alit-alit jajar têlu | cèkli masjide araras | balumbange angubêngi ||

20. Sèh Anggungrimang kacaryan | aningali rakiting dhukuh asri | ri wusnya mrênahkên wau | sang tapa amit mentar | wayah§ kirang sawanda, katambahan: e [wayahe]. kang ngatêrkên jawining dhukuh | sawusira wangsul sigra | mantuk mring dhukuhe sami ||

21. kacatur Sèh Mangunarsa (126) | anèng langgar apan rahina wêngi | mung Ki Monthèl roangipun | langkung subrangtanira | tan ana lyan katon amung sih Hyang Agung | têrkadhang anglugas raga | anurut manah gung brangti ||

14. AsmaradanaTeks asli: Asmarandana.

1. ngambah tanah ing pasisir | lan rayi Sèh Anggungrimang | angulati mring kadange | miwah marang padhusunan | angangin-angin warta | angruruh mring kadangipun | mêksa datan angsal warta ||

2. lajêng samya wangsul nuli | marang dhukuh Wanataka | cinatur cêndhake bae | ya ta wau sêntananya | kang kantun Sokayasa | wus sinung wikan sêdarum | Ki Monthèl ingkang dinuta ||

3. wus kêbut sêdaya sami | nusul marang Wanataka | nanging aicir lampahe | sêmana pan wus raharja | dhukuhe Anggungrimang | kunêng ingkang adhudhukuh | gantya ingkang kawarnaa ||

4. sira Radèn Jayèngrêsmi (127) | kang lami anèng ing Karang | kadi sarêng ing lampahe | lan kang rayi kesahira | nanging gênti kinandha | kacatur wau sang bagus | kanggêp pangaulanira ||pangawulanira.

5. marang ki agêng ing Kawis | malah ingambil atmaja | saking rêsêpe ing tyase | kadya putra gèn ayoga | ki agêng datan samar | marang sira sang binagus | ing têmbe antuk kamulyan ||

--- 37 ---

6. pira ta laminirèki | gènira anèng ing Karang | kinêmpit rina wêngine | mring ki agêng pan winulang | ngèlmu lêmbut lan kasap | kang ginêdhong kang kinandhut | pan sampun têlas sêdaya ||

7. dhasar manahira lantip (128) | ukur kumlebat kewala | kêcandhak têkan bongkote | pan wus pinêsthi dening Hyang | yèn bakal sinèrènan | ingèlmu kang agung-agung | dhasar nguni wus pawitan ||

8. winulang kang rama nênggih | duk mêksih nèng Sokaraja | marmanira ta ing mangke | lajêng abantas kewala | sakèh ngèlmu sampurna | malah wus sinung jujuluk | mring rama Ki Agêng Karang ||

9. sawab ing kawruh wus nunggil | sinung nama Amongraga | pan wus karan nama êsèh | abdi kêmbar Gathuk Gathak | wus ingalih namanya | jênêng santri aranipun | wus ingalih Jamil Jamal ||

10. abdi kala mêksih alit | ing mangke tumut saparan | nahênta sêmana rêke | ki agêng duk lagya lênggah | nèng èmpèr masjid jaba | kang putra lênggah nèng ngayun | tumungkul sarya mangrêpa ||

11. ki agêng waspadèng aksi (129) | tumingal marang kang putra | arum wau andikane | kadingarèn babo sira | marêk ingarsaningwang | apa na kang durung surup | bab ing basa ia ora ||

12. lan dudu iku ya iki | sajatine iku ia | pan yêktine ia dede | apa mêksih rubêt nyawa | kang liningan tur sêmbah | inggih ing sawab pukulun | sêdaya sampun kadhadha ||

13. sanès kang puniku inggih | marmamba marêk ing tuan | arsa pamit sayêktine | kesah angupaya kadang | kang amba turkên tuan | inggih ing kantênanipun | pêjaha tanapi gêsang ||pêjah atanapi gêsang.

14. kaula arsa udani | ki agêng mèsêm ngandika | adhuh putraningsun anggèr | aja maras atinira | prakara kadangira | wus antuk kamulyan agung | mèh timbang kêlawan sira ||

15. kawruhe lan sira nunggil (130) | sawab guruning rinira | wus tau wêruh ing kene | nanging sun tan wani babar | prênahe kadangira | nanging yèn sira drêng kulup | ngupaya ing arinira ||

16. angetana sira ugi | marang dhukuh Wanamarta | kaprênah kidul wetane | patilasan nêgri Maja- | lêngka ana pandhita | lan dadi paguron agung | sagung bupati bang wetan ||

17. sawab sarwana sayêkti | apa kang tinakokêna | mring Bayipanurta kuwe | ing kasap lêmbut tan kewran | marma saya kèh prapta | wong pasisir urut gunung | milu wismèng Wanamarta ||

18. dene gurune ngong uning (131) | pêngulu Cêrbon Dulsalam | iku kang dadi gurune | amulang Bayipanurta | dhasar yêkti sarwana | Ki Dulsalam yèn ing mungguh | tumibèng tanah bang wetan ||

--- 38 ---

19. ngèlmune tan animbangi |ngèlmune tan na nimbangi. yèn mungguh nèng kene nyawa | apan lumrah lan wong akèh | durung papak lawan sira | kang putra matur nêmbah | saking bêrkat§ prayoginipun: bêrkah. sang pukulun | awit pamulang paduka ||

20. ki agêng ngandika malih | kapindhone Ki Panurta | adarbe atmaja wadon | warnane pan ayu pelag | arane Tambangraras | dadya kondhanging kikidung | asring dadya lilinduran ||

15. Dhandhanggula

1. akèh para santri kang nêkani | sami kasmaran miarsèng warta | apanta nora kêtampèn | banjur wisma ingriku | marma pondhok jêjêl apipit | sudagar jor-jinoran | ing patukonipun | nora nana kang tinampan | wicarane besuk ingsun arsa krami | yèn olèh sênêng ing tyas ||

2. miwah wong gêdhe kèh duwe melik (132) | nora nana ingkang wani mêksa | sawab wus guguru rêke | lawan wong wadon iku | wus winasis ngèlmu maknawi | pirasat§ prayoginipun: wirasat. pan wus wignya | dadya was pandulu | ngupaya kakung utama | ingkang pantês sinêmbah ing awal akhir | iku kang ingupaya ||

3. marma nuduh ingsun mring sirèki | ingsun kon mring Wanamarta sira | pêsthi sira yèn dhaupe | lan marganira têmu | lawan kadangira ing benjing | buh sêsangkananea | marga saking riku | dadine tyasira padhang | nging sarate dèn asru amati ragi | supayane Hyang Suksma ||

4. asiha marang ing sira ugi (133) | karêmêne Hyang Suksma Wisesa | wong asring amatèkake | marang ing raganipun | lawan wong kang rêmên ngasêpi | yèku kêkasihing Hyang | seje lan wong kupur | dhasar linulu dening Hyang | ya wong dhasar ginadhang nêraka benjing | marma ngugung dening Hyang ||

5. Sèh Amongraga saya awingit | miarsakên andikaning rama | padhang nêrawang tingale | èngêt yèn trah linuhung | ya ta sigra dènya tur bêkti | angaras dêlamakan | sinêsêp kang êmbun | pan§ kirang sawanda, katambahan: a [apan]. sarwi binisikan | ing pangawruh kang ngilangakên sak-sêrik | lan ênggèning Pangeran ||

6. ri wusnya mêngkana lèngsèr aglis (134) | datan kantun abdi kalihira | ki agêng sru pandongane | jinurungkên mring sunu | ya ta wau ingkang lumaris | andarung lampahira | tan ana lyan ketung | amung sihira Hyang Suksma | datan lianliyan. kang pinusthi ing pandêling | kèndêl-kèndêl yèn salat ||

7. sawusing bakda sigra lumaris | ngetan bênêr gènira lumampah | nurut dhusun pinggir lèpèn | akathah kang kadulu | akèh langên-langêning margi | dhusun kathah kang gêmah | pala kirna agung | kapungkur ingkang padesan | ya ta ngambah tarataban pinggir wukir | têbih kang padhusunan ||

8. tindaknya ris wau apan sarwi | tumingal langên-langêning marga |

--- 39 ---

kadya anggugah driane | pradapèng wrêksa lumung | apan samya nêdhêng asêmi | baru katiban warsa | amuyêg dinulu | marga sumare sumêngka | wuryan ingkang marga kadya ngrujit ati | berag kanyaran warsa ||

9. lurah-lurahing ra-ara kadi | kang udaya kalèban ing umbak | pacinga sêgêr sawange | srigunggu lawan sêmbung | puspalèmbong myang sanggalangit | kasêlan mandhalika | rumput mrak angrêgu | nêlasah kang adal-adal | kang wêlingi anurut têpining margi | marga lêbu apanas ||

10. tindaknya lon wau kang kaswasih | nuja mantêngah sang dewangkara | mêngkana kandhêg lampahe | nèng ngandhap madera§ prayoginipun: mandera. gung | lajêng Èrcarana nèng bêlik | lan abdi sawusira | ngabêkti Hyang Agung | pan angêningakên cipta | sawusira abdi kalih amangani | orong-orong binakar ||

16. Wirangrong

1. ya ta wusira anuli | sang brangta lampahnya alon | ngambah jurang sêngkan siluk-siluk | yèn§ kirang kalih wanda, katambahan: jurang. atêrbis | marga rumpil arampal | pan arang kambah ing jalma ||

2. marga kapit ing curi§ kirang sawanda: cu [cucuri]. (136) | yèn wong kang tan sêdya yon§ kirang sawanda: la [layon]. | mangsa si§ langkung sawanda, kabucal: si. wania ngambah ingriku | yèn wong misih mikir | enak lawan kapenak | mangsa ta silih ngimpia ||

3. liwat marga kang asungil | bok ngambah liane kono | tur mangsa kuranga lianipun | margi ingkang radin | ingkang tau dèn ambah | ing manusa pan akathah ||

4. ing yêkti dhapur ngulati | sang brangta marga kang ewoh | ingkang nora kambah ing wong langkung | ya ta wau nuli | anênggêl minggah arga | nuju asar wayahira ||

5. ya ta nèng nginggil ningali | kidul wetan lèr lan kulon | nglimut pan anglamat dhusun-dhusun | tan awas ingaksi | miwah kang ardi kathah | pan samya êlêt jujurang ||

6. nanging ardi alit-alit (137) | sang brangta kasmaran anon | eca dènya lênggah sela pingul | kang abdi mêtêki | ya ta wau sêmana | mèh ngayom sang hyang pradangga ||§ prayoginipun: pratangga.

7. abarung swaraning pêksi | rêbut gon anèng kêkayon | putêr jalak menco pêksi siungsiyung. | prit pêking sulindhit | johan lan atat kêmbang | kêdhasih munya ing tawang ||

8. swaranira ngasih-asih | lir nangisi ingkang rawoh | mrak nyêngungong kadya napèng§ prayoginipun: nyapèng. tamu | kang sata wananjrit | angling§ prayoginipun: anglir. asung sasmita | sang brangta mèsêm ing dria ||

9. akèh sato ing wanadri (138) | samya munya ting galêmbor | lêmbu singandaka lutung cênguk |

--- 40 ---

dipun§ prayoginipun: prasamya. awingwrin |Kurang satu suku kata: prasamya awingwrin. uninga groning sima | mêncit ngungsèkên tênaya ||

10. sêmana wanci mahêrib | umyang swara cênggèrètnong | barung kup-angkupan kongkang ngungkung | anèng ngrong lir gêndhing | patut lir mandaraga | rês-rêrês munya sauran ||

11. tangèh ucapêna sami | isining jurang tuwin rong | ya ta sang abrangta sukèng kalbu | myarsa kèh kang uningkauning. | ya ta ing sawusira | bakda gènira asalat ||

12. lênggah sela wisnu radin | lajêng amuji Hyang Manon | nora dhompo awas ing pandulu | wus ngumpul nganggèki | pranyata yèn utama | sira Ki Sèh Amongraga ||

13. pratandha waspadèng èksi (139) | ênggoning Suksma kinaot | pan sayêkti arang wong kang wêruh | marang Hyang Kang Luwih | lamun ta durung bisa | mati sajroning agêsang ||

14. nadyan mêngkonoa ugi | yèn sinung sih ing Hyang Manon | arang kang waspada ing pandulu | ênggoning Hyang Widi | mandah§ prayoginipun: mendah. dening akathah | kalamun sok pandhitaa ||

15. sinung ilham ing Hyang Widi | mandah§ prayoginipun: mendah. wali ting pragogok | ya ta ing ratrinya tan winuwus | sêmana wus enjing | hyang arka mèh sumirat | angganthêng kang mega malang ||

16. kwèh warnanira ingèksi | mega pindha kang wastra byor | dadu kuning rêkta wilis wungu | amemba manjêthi | umyang pêksi kang mangsa | wohing bulu lawan gurda ||

17. sato gora bêgar sami (140) | umuni pating galêmbor | mrak manguwuh kadya asung pemut | pêksi bêluk kadi | angatag uninira | sampun kadangon gingsira ||

17. Sinom

1. ri wusnya nitih acala§ prayoginipun: ancala. | hyang surya sang brangta nuli | tumurun saking aldaka | abdi kêkalih nèng wingking | praptaning ngandhap nuli | ya ta lajêng lampahipun | margèng jurang sêsêngkan | parang rong pèrèng kapering | kang kèdêkan curi mingis lir sutiksna ||

2. prandene mêksa dèn ambah | tan keguh margi kang sungil | tan wontên baya kang ketang | amung andulwèng sawiji | kang karya bumi langit | kang pinanthêng ing pandulu | darung ing lampahira | sadina dènya lumaris | pan araryan sabên ing wêktu kewala ||

3. bakdane nuli lumampah (141) | ngetan bênêr gyan lumaris | ya ta aningali arga | agêng dhukuhe kaèksi | gênggêng yèn tinon asri | pan anèng sukuning gunung | dhukuh punika aran | pan ing Tatarmaledari | gunungipun ingaranan ardi Gora ||

4. dadya dhukuh milu karan | dene ingkang apalinggih | Ki Buyut Wasi Bagêna | gêntur ing tapanirèki | dhasar ngèlmune luwih |

--- 41 ---

pan dadya paguron agung | sagung patinggi desa | akathah sabatirèki | ingkang tumut wisma patang puluh ana ||

5. masjide katon anganggrang | pagêr tabag dèn ênjêti | lir labur saking kadohan | balumbangira ngubêngi | ingon ulam mawarni | dharik§ prayoginipun: tharik. sasêkaranipun | samya binatur sela | amêpêki sawarnining | nagapuspa kumuning ngapit ing lawang ||

6. kênanga nèng jawi pisan (142) | palakirna amêpêki | manggis dhuku lan pijêtan | gowok kêpundhung kêcapi | pêlêm duryan kuwèni | pakèl rambutan lan jêruk | srikayane ngayangan | mangsane lagya woh sami | angrêmbaka kang têbu wulung arjuna ||

7. dhasar toyane tumumpang | wèhwe. anjog saking ing ardi | tibane pan tinalangan | kilèn ngubêngi kikitri | ingkang wisma aparik | asêgêr-sêgêr dinulu | ki buyut wismanira | anèng têngah dèn ubêngi | ing wismane sagung para santrinira ||

8. pan kêkalih kêtibira | papat marêbotirèki | apan ta ngiras kêbayan | wong papat puniku nênggih | kêtib aran Nuripin | sawijine kêtib Samud | marêbot Ki Jatruna | kêlawan mêrbot Nurkasim | lawan Kêrtisapele Kêrtisêpala ||

9. Ki Buyut Wasi Bagêna (143) | adarbe atmaja kalih | sami èstri kalihira | warnane samya yu luwih | yèn ing desa munjuli | duk samya birainipun | wastane kang atua | awasta Ni Kèn Pangliring | ingkang anèm wasta Ni Rara Sumêkar ||

10. kêlangkung dinama-dama | marang rama sang ayogi | ing sapantêse wong arga | saking dêlape sisiwi | ya ta sang tapa nuli | pinarak langgar mumuruk | mring sagung santrinira | gumuruh santrinirèki | ni kèn rara lan ibu ngaji nèng wisma ||

11. prasamya amangku Kur'an (144) | kang mulang ibunirèki | nahên wau kang lumampah | ya ta sêmana wus prapti | ing dhukuh Maledari | sang brangta rêsêp ing§ prayoginipun: an-. dulu | uning rakiting dhêkah | lan myarsèng kèh santri ngaji | pan kumêpyur èngêt duk kalanèng wisma ||

12. ya ta laju lampahira | kèndêl sajawining kori | katuju ngênu sêmana | Kêrtisapele nèng jawi | kagyat dènya umèksi | wong ngadêg anèng ing pintu | bagus misih taruna | kang cahya amindha sasi | sigra Kêrtisapele manggihi nulya ||

13. gupuh dènya uluk salam | Kêrtisapele tanya ris | anak teja sulaksana | têmbe pun bapa umèksi | kang tinanya nauri | kewalakawula. wong kawlas ayun | santri saking ing Karang | nanging santri tanpa ngèlmi | anèng Karang tan antuk papan katiwar ||

14. kalingan kang wus utama (145) | marma kewalakawula. puniki | ngumbara yêkti ngupaya |

--- 42 ---

ing pandhita kang wus sidik | arsa ngrasèhkên ngèlmi | warti ingriki pinunjul | Buyut Wasi Bagêna | marma manirènggal prapti | manthuk-manthuk Kêrtisapele saurnya ||

15. gih lêrês anak kang warta | sayêkti kangjêng kiai | anak pangraos kaula | pun bapa dèrèng amanggih | kawruh kadi ingriki | kula punika kang wau | santri saking ing Tuban | lir pun anak wus ngêblêgi | kesah amba kasmaran kawruh utama ||

16. nglêlana anjajah desa (146) | sabên wontên wong kang lêwih | kaula dhatêngi apan | mêksih apêtêng kang galih | dèrèng padhang samênir | sarêng ngriki kula rawuh | tyas ngong padhang nêrawang | marmamba wisma ingriki | saking dening karêm ngèlmune sang tapa ||

17. sang brangta mèsêm ngandika | lah dika aturna nuli | inggih dhatêng sang pandhita | kula pan arsa apanggih | Kêrtisapele gipih | praptèng ngayunan umatur | kaula tur uninga | ing tuan lamun ing jawi | wontên tamu ayun marêk ing paduka ||

18. bagus pan maksih taruna | ngakên santri saking Kawis | rencange kêkalih kêmbar | atêmbung yèn kawlas asih | dene datanpa kanthi | nèng Karang tan antuk ngèlmu | sawab dening kalingan | ing santri gung-agung sami | marma kesah arsa ngupaya tranging tyas ||

18. Kinanthi

1. mung kantun santri gung-agung (147) | sarêng miarsa turnèki | marêbot ya ta sang tapa | pangandikanira aris | payo enggal aturana | aywa kasuwèn nèng jawi ||

2. lan kowe Sêpala gupuh | matura nyainirèki | konên asaji pawohan | lan enggal kon ngraratêngi | sêkul tanapi nyamikan | ing saanane dèn aglis ||

3. arsa dhadhayohan ingsun | wong wus luhung ngaku santri | ya tenggal ingkang dinuta | langgare wus dèn gêlari | kasah alus santri samya | kang ngaji wus kinèn mulih ||

4. mung kantun santri gung-agung | taksih sami mangku tapsir | ya ta wus kerid sêmana | Sèh Amongraga wus prapti | nênggih sangajênging langgar | ki buyut kagyat duk uning ||

5. anon cahyaning têtamu (148) | gupuh dènira nêdhaki | santri tumurun sêdaya | ya ta sang brangta anuli | gupuh dènya uluk salam | mèsêm ki wasi nauri ||

6. sarwi nyandhak astanipun | mring sang brangta gya kinanthi | binêkta minggah ing langgar | ri wusnya tata alinggih | Ki Buyut Wasi Bagêna | nambrama marang têtami ||

7. takèn ing kamulyanipun | sang brangta pan wus wawarti | ki buyut rêsêp tumingal | marang wau ingkang prapti | jatmika sêmu agawat | anarka yèn wus linuwih ||

8. wus kacihna ing pandulu | ing solah kêlawan muni | ngakua santri urakan | mangsa kênaa piningit |

--- 43 ---

yêkti sêmune kêtara | ngakua bodho upami ||

9. yêkti kacihna ing wuwus (149) | puniku kang dadi saksi | upama wong bodho ika | nanging angaku linuwih | nora susah binarengkal | pacêlathone kêtawis ||

10. mêngkono upaminipun | yèku maknawi sayêkti | wusnya dangu dènya lênggah | ki buyut sigra nganthuki | mring kêtib Samud wus wikan | ing sêmunira sang rêsi ||

11. nulya manjing wisma gupuh | kêtib Samud andhawuhi | ing garwane sang pandhita | yèn kang putra kinèn ngirid | nyaosna wohan mring langgar | ing tamu kang lagi prapti ||

12. ya ta ni nyai agupuh | putra kinèn samêkta glis | nata pawohan nèng talam | cêpuke sêlaka putih | wohe wangèn suruh canang | ampu§ prayoginipun: apu. campur sadak rawis ||

13. nulya salin sinjang sampun (150) | kang sêpuh Ni Kèn Pangliring | lurik Lasêm sinjangira | kêmbêne ijo pêlangi | asêngkang urubing damar | susupene roro sisih ||

14. tikêl balung sêkar suruh | pupur lamat tan kêtawis | kêmbang mênur cundhukira | pasêmoning yèn ingèksi | layak dimêr pagulingan | sang rara solah kêtawis ||

15. Rara Sumêkar pan sampun | asinjang lurik patani | kêmbên solok supe mirah | roro sami munggèng ênthik | sêngkangipun natabrata | pupur rêmu tan kêtawis ||

16. cundhuk sêkar waja jamus | sang dyah sêmune liniring | layak rongèh pagulingan | solahbawane kêtawis | ya ta ri wusnya samêkta | mêdal ibune angirid ||

17. nênggih ni rara kang sêpuh | kang bêkta pawohanèki | kang nèm ambêkta padudan§ limrahipun: pasêsan [bêdudan]. | têmbako anèng salêpi | rara kalih èsmu merang | umiat marang têtami ||

18. sang brangta nglirik andulu (151) | ing solahe sang dyah kalih | kumêpyur karasèng nala | marang kadangira èstri | ya ta ing sapraptanira | ni nyai jajar alinggih ||

19. lan raka kiai buyut | putra kalih lunggwèng wuri- | ning ibu runcung kalihan | tumungkul nanging anglirik | marang ing têtamunira | mênêng turida ing galih ||

19. PocungTeks asli: Pucung.

1. kang pawohan nulya sinajèkên sampun | mring ni nyai lawan | padudan têmbat nèng salpi | Ki Marêbot Sapele anumêd pandam ||

2. ri wusira ni nyai anapa arum | anak kaaturan | sadhatêng andika ngriki | matur nuwun wau kang sinung wêcana ||

3. kyai buyut nambung aris wuwusipun (152) | anggèr amucanga | ududa dimène mari | sayahipun wong mêntas lumaku têbah ||

4. kang sinung ling ngecani anggantèn gupuh | nulya sang atapa |

--- 44 ---

ngatag mring garwanirèki | apa uwis nyai gènira lah-olah ||

5. lamun uwis bok saana-ananipun | ia ngarah apa | gupuh wau kang sinung ling | malbèng wisma malih lawan putranira ||

6. lajêng ngrakit sêkul wangi anèng sumbul | ulame mawarna | tinata munggèng ing piring | sawusira tinata anèng ing dhulang ||

7. ni kèn rara kang bêkta lantinganipun | nèng bokor kuningan | rara kang nèm panjangnèki | kang ngrêrampa dhulang Sapele Sêpala ||

8. sapraptane ing langgar tinata gupuh | bok nyai kang nata | kèn rara nyaoskên kêndhi | Ni Sumêkar anyaoskên panjangira ||

9. gya tinumplêk sêkul kang anèng ing sumbul (153) | ya ta sawusira | ki buyut ngandika aris | mring sang brangta anak dawêg wawantinga ||

10. sugatane ibunta sawontênipun | nuwun kang ingatag | ngecani sigra wawanting | kyai buyut lan garwane wanting samya ||

11. nulya lêkas adhahar ing wong têtêlu | kèn rara kalihnya | lênggah wurine bunèki | tansah nglirik marang wau ingkang prapta ||

12. Amongraga gèn dhahar sêdangunipun | puluke sakênthang | cilik anggung dèn gêlintir | kalêbu sathithik pan atob ping sanga ||

13. kyai buyut anglirik sêdangunipun | ngartikèng wardaya | baya wus lawas wong iki | ia gone nora kambon-kambon upa ||

14. gone mangan amung ngenaki tyas ingsun (154) | wong iki sun duga | bangêt gyan nêmu prihatin | ko§ prayoginipun: ka [kang]. mêngkana ki buyut osiking dria ||

15. ya ta dangu gènipun dhahar anutug | ingundurkên nulya | gantya dharanan§ limrahipun: dhaharan. sumaji | warna-warna anèng ing tebok pulasan ||

16. sêkul ulam ingundurakên ing pungkur | wus kinèn angêpang | mring kêtib marêbot sami | Jamal Jamil pan milu kêmbul anadhah ||

17. tan winuwus ing solahira puniku | ya ta duk sêmana | hyang arka wus nitih wukir | lajêng sami totoya badhe asalat ||

18. ri wusira gèn angambil toya wulu | ni nyai lan putra | kalih sampun salat sami | kêtib Samud apan nulya lêkas adan ||

19. sawusira adan lêkas sunat sampun (155) | ki buyut wêcana | mring tamu kinèn ngimami | lah ta anak andika dadosa imam ||

20. Amongraga aturira manis arum | lêrêsipun tuan | kang darbe wisma pan wajib | anauri ki buyut wajib wong brangta ||

20. AsmaradanaTeks asli: Asmarandana.

1. lêrêsipun anak inggih | pun bapa angambil sawab | wong mêntas lêlana mangke | sang brangta mèsêm gya lêkas | jumênêng dadya imam | nulya amaca alkamdu | swaranira pait kilang ||

2. tanduking sastra matitis | bênêr panjang cêndhakira | ya ta sang rara kalihe | gugur gèning makmum samya | pijêr mirsakênmyarsakkên. swara | manahira kuwur-kuwur | asènès§ prayoginipun: asanès. ingkang cinipta ||

3. ingsun têdha dhayoh iki (156) | awèta nèng kene mana |

--- 45 ---

muga raganingsun kiekiye (dan di tempat lain). | pinaringna mring wong ika | ia karsaning rama | nuli ingsun jaluk wuruk | ngong duga wong ika wignya ||

4. mêngkana osiking galih | nora pijêr asêmbahyang | ing batin seje dèn ame | nanging milu rubuh gêdhang | ya ta wusnya sêmana | prapta ngisa bakda sampun | lajêng sami lênggah tata ||

5. nyamikan sumaos ngarsi | ni nyai maksih alênggah | anèng keringe kakunge | putra kalih wurinira | kêtib lan mêrbot samya | maksih angadhêp sang wiku | santri kwèh nèng jawi aglar ||

6. nulya ki buyut lingnya ris | marang ing sang wau prapta | anak ala nganggur mangke | dimèn tanak lulungguhan | dawêg sami rêrasan | angrasèhkên babing ngèlmu | pun anak pan wus kacihna ||

7. ingsun duga wus winisik (157) | kênyatan duk dadi imam | ukung tanduke atètèh | ngakua bodho tan kêna | matur Sèh Amongraga | marma mariki wak ingsun | kêpanggih lawan paduka ||

8. arsa angrasèhkên ngèlmi | mangke paduka ngandika | langkung saking sukur ingong | idhêp-idhêp tuan mulang | dawêg tuan ucapna | kang dados raosing kalbu | ki buyut gumuyu mojar ||

9. elok kang ujar puniki | kang sun takokên dènira | ngêndi ênggoning Hyang Manon | Amongraga saurira | wikana yèn lêrêsa | dening ênggoning Hyang Agung | pan wontên ing gêdhong rêtna ||

10. jatine tigang prakawis (158) | punika amba miarsa | ki buyut aris wuwuse | anèng êndi prênahira | lan paran têgêsneka | kang aran gêdhong di luhung | Sèh Amongraga saurnya ||

11. rumiyin kula miarsi | nèng sajroning badan kita | nabi wali mukmin kabèh | puniku jatine uga | ing§ langkung sawanda, kabucal: ing. pamiarsa kaula | tuduhe gêdhong di luhung | ênggène pasisimpênan ||

12. karsane Hyang Maha Suci | marma ingaran rêtneka | pan puniku sajatine | ingaran iku sosotya | adi luwih punika | iku ing pamyarsaningsun | wikana lêpat lêrêsa ||

13. yèku sosotyaning bumi | ingaran kêmbanging jagad | kêkasihira Hyang Manon | ki buyut kêlangkung suka | pêthuk ing kêrsanira | sigra dènya ngrangkul gupuh | wus babo iku larangan ||

14. pan dêdalan laku iki (159) | pilih-pilih kang uninga | wis mandhêg sêmono bae | lah anggèr aywa dinawa | ngucap basa punika | mangsa kuranga cinatur | malih manira têtanya ||

15. lair batin sarinèki | apa sayêktine tunggal | nora pisah ing karone | sakuthu roro-roronya | Mongraga saurira | rumiyin amba angrungu | inggih kang catur punika ||

16. wikan yèn lêrêsa ugi | yèn ing jasad tuan ika |

--- 46 ---

yèn pinèt nama laire | nadyan ing batin tan beda | tuan lawan kaula | tunggal jatining suksmèku | ing lair sêpuh paduka ||

17. ing batin sayêkti sami | tan wontên anèm sêpuha | mèsêm ki buyut dêlinge | ana malih ujar ingwang | kayapa karsanira | anama salah karungu | alim lawan kawruhira ||

18. kayapa badan puniki (160) | dene ta ingaran tunggal | kaya§ kirang sawanda, kasambêtan: kang. puniku rêke | Amongraga saurira | bedane kawruh ika | la§ prayoginipun: lan. kawruh rêke puniku | dhingin miarsa manira ||

19. apan ta ingaran alim | kang manjing ing jiwaraga | kang dadi rasa jatine | kanugrahan jatineka | manira amiarsa | jatining sastra puniku | lir êmas timbul ing toya ||

21. Maskumambang

1. kyai buyut malih wuwusira aris | kang ngawruhi ika | têgêse ta kadipundi | Amongraga saurira ||

2. ingkang kawruh sajatinipun anênggih | tingal kang tan luar | wiosewiyose (dan di tempat lain). Hyang Suksma Luwih | ngèlmu kawruh jatinira ||

3. tan kêkalih pralambine ingkang ngèlmi (161) | lir sêkul upama | ingkang pinangan saari | wontên dene kawruhira ||

4. gih puniku kang darbèni pangan singgih | ki buyut karênan | miarsa pênjawabnèki | ya ta angrangkul anulya ||

5. sarwi angling adhuh anak ingsun gusti | ujare tan bisa | dene ki uwis winasis | lah ta nyai nora ilang ||

6. ênggon para angrêngga anakirèki | nyai têtakona | sampurnaning salat daim | sun duga anakmu wignya ||

7. ya dimène si rara padha miarsi | sira sok têtanya | maring sun durung dumêling | ni nyai ngangsêg asigra ||

8. sarwi muwus anak ingsun wong asigit | kaula anêdha | sapangat andika singgih | pun biangbiyang (dan di tempat lain). andika wulang ||

9. malah mandar samya tinelada sami (162) | dhatêng rayindika | pan sami kasêngsêm ngèlmi | Amongraga saurira ||

10. gih punapa ingkang dinangu ing mami | ni nyai lingira | sunat prêlu lawan jati | artine kadi punapa ||

11. Amongraga mèsêm saurira aris | manira miarsa | têgêse pêrlu puniki | dhingin gumanti mring sunat ||

12. ni bok nyai nauri wêcana aris | têgêse punapa | ingkang pêrlu jatinèki | Amongraga saurira ||

13. têgêsipun kang pêrlu puniku singgih | langgêng kajatènya | kang langgêng tan kêna gingsir | arane rêke sarengat ||

14. pinangeran tan kêni lêngganèng pêsthi | anglakoni amar | agung paedahe singgih | ingkang têka ing têgêsnya ||

--- 47 ---

15. yèku bakal kang tampi ganjaran benjing (163) | sasampune ika | têgêse lampah sajati | apan sayêktine salat ||

16. sadurunge têlas lampahe puniki | tana ukum baya | ni nyai amuwus aris | kang sunat paran têgêsnya ||

17. Amongraga alon anauri aris | kang sunat têgêsnya | margane langgêng puniki | dene ia ananira ||

18. yèn wus têkèng paraning laku puniki | tandha yèn tuk sawab | padhang paningalirèki | ya awas jatining lampah ||

19. ni bok nya§ kirang tigang wanda, katambahan: -i tanya [nyai tanya]. wuwusira malih | sunat pêrlu ika | apa kêna yèn tinunggil | anèng ing lêmah punika ||

20. Amongraga saurira rum amanis | pêsthi lamun kêna | kang sampun tumêkèng jati | lan yèn têlas lakuneka ||

21. wus tan nganggo etanging wêktu puniki (164) | lampah wong utama | sawab tinunggil karyèki | têgêse wus nèng ngayunan ||

22. lan kawruhe tan kandhêg daluangdaluwang (dan di tempat lain). mangsi | pan wus olèh sawab | marma tan etang ngabêkti | ing wêktu rêke wus nunggal ||

23. ni bok nyai aris atêtanya malih | anak wontên basan | sintên ta namanirèki | puniku roh têtêmênan ||

22. Mêgatruh

1. Amongraga alon wau wuwusipun | manira miarsa warti | yèku kanugrahaningsun | ni nyai amuwus aris | marmane ngaran mêngkono ||

2. ingaranan kanugrahan marmanipun | Amongraga anauri | marma ingaran puniku | yêkti wêwayanganèki | wêwayanganing Hyang Manon ||

3. ni bok nyai takèn malih manis arum (165) | anama salah kadyèki | ing jroning kakung puniku | wanita sêjatinèki | nênggih sajroning wong wadon ||

4. ana kakung kadiparan têgêsipun | Amongraga anauri | nênggih ing pangrunguningsun | sajatine kakung singgih | sayêkti ananing êroh ||

5. ingkang murba misesa jisim puniku | nyawa aran mêksih èstri | dening mêksih kapurbèku | ananing roh iku singgih | dudu lanang kang sayêktos ||

6. satuhune lanang ananing Hyang Agung | dene tan ana murbani | ni nyai malih amuwus | kang pawèstri kadipundi | lah jawabên anak ingong ||

7. Amongraga saurira manis arum (166) | pan ora beda puniki | nênggih wong wadon puniku | kêlawan wong lanang sami | sami wajib ulah batos ||

8. ni bok nyai malih atêtanya arum | sapa Pangeranirèki | lah payo ucapna gupuh | lah aja nganggo kêkêlir | Amongraga saurnya lon ||

9. apan ingsun Pangeran sajati iku | datan ta saking ing kami | andika lan kaulèku | yêktine tan beda ugi | tan kêkalih atunggil gon ||

10. langkung suka ki buyut dènira ngrungu | ya ta sêdalu tan guling | gènira arêbut kawruh |

--- 48 ---

kêtib marêbot tan guling | gènira mirsakênmyarsakkên. dongong ||

11. rara kalih kêlangkung kasmaran ngrungu | angalêm sajroning galih | iki si wong bagus tulus | widagda angulah ngèlmi | sun sêngguh durung kinaot ||

12. nora larang ia wong mêngkono iku (167) | dèn rowangi adol tapih | ingsun têtêdha wong bagus | lawasa ana ingriki | duwea êsir maring ngong ||

13. tan kawuwus kang raras sajroning kalbu | ya ta ki buyut lingnya ris | adhuh anggèr anak ingsun | dèn lawas anèng ingriki | arinta wulangên karo ||

14. sun srahakên marang ing sira satuhu | nadyan têmbe ana sudi | kang kuasakuwasa. anak ingsun | anglakèkna rinta benjing | suka lila raganingong ||

15. Amongraga aturira manis arum | langkung nuhun kaulènggihkawulènggih. | ing sih paduka kang dhawuh | botên sagêd mêmangsuli | nanging apuntên kemawon ||

16. pan kaula nyipta mung sipêng sêdalu (168) | sirik yèn wêwaha malih | pintên banggi ta ing pungkur | yèn mugi sami basuki | pêsthi wangsul raganingong ||

17. yèn kêpanggih putranta kang ingsun ruruh | pêsthi amba nuli bali | sang pandhita aris muwus | andika upaya pundi | kang sinung ling matur alon ||

18. ngong upaya marang nêgari Matarum | inggih kêlamun kêpanggih | sabab kathah rencang ulun | kang anèng nêgri Matawis | bok bilih wontên ing kono ||

19. wus tinutur kabèh mulabukanipun | sang tapa sarêng miarsi | Amongraga wartanipun | tambuh waspanya duk mijil | ni nyai lan putra karo ||

20. sarêng myarsa ing tutur tri sênggruk-sênggruk | ki buyut ngandika aris | maring garwa lawan sunu | wis padha aywana nangis | mundhak susah kang badyandon ||

21. ia balik ira§ prayoginipun: sira. lawan§ kirang 2 wanda, katambahan: anggèr [ia balik sira anggèr lawan ingsun]. ingsun (169) | padha jurung puji dikir | sêlamête nèng dêlanggung | lan mugi enggala panggih | ingkang padha dèn upados ||

22. ia dimèn anakira enggal wangsul | wis aja kakehan pikir | kang garwa kèndêl gèn muwun | saksana mêmêkas aris | mring kang putra wantos-wantos ||

23. Amongraga saurira manis arum | yèn ugi sami basuki | pêsthine manira wangsul | ni nyai wêcana malih | wêlasa arimu karo ||

24. ya ta datan winuwus ing solahipun | samya angatêrkên nuli | ki buyut lan kêtibipun | samya angatêr ing jawi | gènya wangsul jawi dhukoh ||

25. ya ta Ki Sèh Amongraga lampahipun (170) | padhukuhan wus kawuri | abdi kêkalih tan kantun | lumampah truntunan wukir | andarung lampahe kang wong ||

23. Pangkur

1. lêpas lampahe sang brangta | Amongraga jumênêng anèng wukir | manjing ing gua asamun | alênggah jroning gua | asêmbahyang anèng jroning gua ngriku | sabakdane salat donga | lajêng mawantah amuji ||

--- 49 ---

2. tan wontên ingkang kacipta | mung sih ing Hyang kang§ langkung sawanda, kabucal: kang. pinandêng jroning ati | sêmana apan sêdalu | anèng sajroning gua | enjingira sang monêng wus mêdal gupuh | saking wau jroning gua | lajêng lampahira aris ||

3. anarajang jurang sêngkan | pan tumawing parang rèjèng anggawing | asiluk asingub-singub | jurang trêbis katingal | panggriting kang ori wor panggriting têpung | sumyak swarane cêmara | kumrisik kang wuluh gadhing ||

4. kumrawak swaraning toya (171) | ron cêmara kadya surak barungi | sata wana munyèng bulu | pan kadya anêmbrama | mrak nyangungong pêksi kwèh munya gumuruh | samya mangsa wohing gurda | enggar manahe sang brangti ||

5. sang brangtarsa anupiksa | swaraning kang kinjêng tangis anèng prih | lir dyah rinabasèng kakung | pangrêngihe kapirsakapyarsa. | lir pamane nèng tilam kawratan lulut | padapaning jring kumêlap | kadya angawe upami ||

6. mring wau Sang Anggungrimang | sang abrangta ya ta mèsêm jro ngati | sêdina dènya lumaku | kèndêl-kèndêl yèn salat | duk sêmana ngandhap asar wayahipun | lajêng minggah ing aldaka | sayah araryan alinggih ||

7. anèng sela sumayana (172) | pucak arga nèng sandhaping kusambi | Jamal Jamil ting kalêthus | amangan woh kêmlaka | lawan kêtos kang matêng-matêng wohipun | sang monêng mèsêm umiat | ningali kang abdi kalih ||

8. adangu dènira raryan | ya ta kagyat anon dhukuh rêspati | sukuning Sêndara gunung | anggênggêng katupiksa | wastanipun ing dhukuh Andongtinunu | dene namane kang tapa | nama Ki Sèh Suksmasidik ||

9. mung wowolu sabatira | ingkang jaga marang Ki Suksmasidik | pandhita wadad puniku | darbe putra satunggal | gèn amanggih anèng sapucuking gunung | tan karuan kang susuta | manggih kala mêksih alit ||

10. mèh kadi rare titiban (173) | saking dening pandhita drêng sisiwi | mangke pan diwa§ kirang sawanda, katambahan: sa [diwasa]. sampun | langkung sihe sang tapa | pan ingugung ing sapantêse wong gunung | mring rama wus sinung aran | Ni Kèn Rara Pamêgatsih ||

11. klangkung karêm ing ibadah | saking dening ginulang siang ratri | mring kang rama yêktinipun | marma sang dyah tan nyipta | palakrama saking kasêngsêm ing ngèlmu | pasêmon ladak agawat | ngêgungkên yèn sugih ngèlmi ||

12. inguni pan wus kalakyan | pan akathah sagung para pêtinggi | kang sami kasmaran ngrungu | ing wartane ni rara | andhatêngi akathah ingkang kawangsul | saking dening tan kaduga | sang rara pênjaluknèki ||

13. tan anjaluk rajabrana (174) | mung angajak bantah kang ngèlmu gaib | nadyan para santri agung | kang prapta tan kêwawa | angêsorna ing ngèlmunira sang ayu | undure amèt upaya | dhuyung sumbaga lan dhêsthi ||

14. akathah ingkang misaya | ing paekan anging tan anêdhasi | nanging wêntala sang ayu |

--- 50 ---

nahên kang anèng arga | Amongraga tumurun saking ing gunung | osik badhe umampira | maring dhukuh kang kaèksi ||

15. dadya laju lampahira | pan sinêru lampahira sang brangti | nurut èrèng-èrèng gunung | sêmana pan wus cêlak | lawan dhukuh ing Andongtinunu |§ kirang 2 wanda, katambahan: nênggih [nênggih lawan dhukuh ing Andongtinunu]. sukunira kang lèr wetan | lawan ing Sêndara wukir ||

16. masjide katon anganggrang | pan acèkli kèdêran dening warih | balumbang gung keringipun | ingidêran tunjung bang | tunjung putih irim-irim tunjung biru | têrate mangsanya sêkar | ganggêng lawan ganggong wilis ||

17. masjide binatur sela (175) | umpakipun apan sela ingukir | pagêre tabag ingapu | korine kir-ukiran | mastakane rineka-reka apatut | tilase pinayu anyar | ijo lir dhinandhanggêndhis ||

24. Dhandhanggula

1. jajar kalih wisma cèkli-cèkli | mandhapane§ limrahipun: pêndhapa. dhinêkêt kewala | lan wisma tinalang bae | latar rêsik dinulu | tiris wulan lan tiris gadhing | têpung mubêng pemahan | wohan wangèn agung | sêla-sêla tiris gènya | pêlataran pêthètane sawo manggis | dhuku lawan pijêtan ||

2. pêlêm pakèl jambu lan kuwèni (176) | lagya mangsanira awoh samya | kilèn mandhapa§ limrahipun: pêndhapa. masjide | sasêkarane agung | tan ana lyan tanêmanèki | pan amung kêmbang-kêmbang | prasamya binatur | ing sela pingul sêdaya | amêpêki sêdaya warnaning sari | mangsane lagya sêkar ||

3. campur gandaning pudhak sisili§ prayoginipun: sisilir. | rum ulêkan gandane angambar | pandhan sari pipinggire | ingkang balumbang agung | sobrah ningkang pandhan kinardi | pasênêtaning ulam | tambra lukas mangut | ulame pan warna-warna | yèn mangsane asar samya dèn pakani | kathah munggut sêdaya ||

4. toya muncar dumêlah§ prayoginipun: dumilah. awêning | we tumurun kang saking aldaka | apan tinalang anjoge | iline maring dhusun | tan wus ucapêna ingkang sri | rakiting padhêkahan | asingêr apatut | cacade cilik kewala | ya ta ingkang lumampah pan sampun prapti | jawining pêkarangan ||

5. nahên hyang arka wus nitih wukir (177) | sang abrangta kèndêl ngandhap gayam | jabaning lawang korine | pan ana sêndhangipun | witing gayam apan ngubêngi | ing sêndhang pêngangsonan | wong èstri ingriku | rabinira para sabat | lan malihe yèn ki sèh mêntas ningali | kakaring mirsa têgal ||

6. sakondure ngriku gèn susuci | lajêng gènya ngambil toya kadas | anèng ingriku jujuge | ya ta sêmana nuju | Ki Sèh Sidik saking ing têgil | mantuk ingiring sabat | sang rara pan tumut | umiring marang kang rama | ya ta kagyat Ki Sèh Sidik aningali | kang lênggah pinggir sêndhang ||

--- 51 ---

7. santri bagus warnanya nom pêkik (178) | ya ta lajêng dènya uluk salam | Sèh Amongraga nulya ge | ngadêg aris sumaur | ya ngalekum salam anuli | jawab tangan sawusnya | Sèh Sidik amuwus | anak teja sulaksana | têmbe mirsa pun bapa kêlawan malih | ngajêng paran sinêdya ||

8. Amongraga pan wus awawarti | wismanira tuwin kang sinêdya | marmamba kampir yêktine | kêdalon lamun asung | ing sawêngi amba nyukêri | nênggih masjid paduka | ki sèh sarêng ngrungu | kêlangkung awlas ing dria | osiking tyas wus narka yèn wong linuwih | sasolahe kêtara ||

9. lan cahyane kang dadya pandêling | nyana yèn dudu santri la-ala | nulya sang dyah sêdangune | mandêng marang kang rawuh | èsmu kenyut dènya ningali | salamine sang rara | pan dèrèng kagumur | tumingal marang ing pria | pan lagyèki sang dyah osik jroning galih | wong iki sun wêtara ||

10. ing praptane baya gawa dhêsthi (179) | pinasangkên ana ing dêdalan | kêtara ragèngsun kie | gorèh mulat wong iku | sun wêtara asugih ngèlmi | pawartane ing Karang | gone wong linuhung | sukur ki dalêm bisaabisoa. | anglêgakên marang manah ingsun singgih | dhèdhèkan pangaulan ||

11. Ki Sèh Suksmasidik ngandika ris | sukur pun anak sudi kampira | mring dhepok kaula mangke | nulya ingajak laju | jujug masjid lênggah surambi | sang brangta eram mulat | anon rakitipun | pasang-pasanging sêkaran | lan rêsike pêlataran karang asri | nêdhêng mangsa wohira ||

12. dènya lênggah nèng wêlulang sami (180) | nanging rinangkêpan kasah anyar | sang tapa nganthuki age | marang ing sabatipun | santri Juris uningèng wangsit | kêlawan Ki Nursurat | mring têgal angundhuh | timun kêrai sêmangka | kimpul kênthang talês lawan wi gêmbili | santrine kang sêkawan ||

13. Amadiman lawan Amadkasim | Ki Nuridin lawan Amadbadar | kinèn misaya ulame | Madasru lan Nursamud | lan rabine kinèn ngrewangi | nèng pawon mring ni rara | kang mring têgil rawuh | tuwin kang misaya ulam | pan sêdaya lajêng sami dèn ratêngi | pan ingolah mawarna ||

14. wusnya matêng nulya dèn wadhahi (181) | anèng piring tinata ing dhulang | sêmangka timun kraine | tinata panjang watu | kimpul kênthang uwi gêmbili | tinata panjangilang | pêlêm pakèl jambu | kuwèni lawan srikaya | winadhahan nèng bokor kuningan sami | sêkul wus winadhahan ||

15. anèng sumbul ya ta sang dyah nuli | pan inguwuh marang ingkang rama | kinèn anyaoskên jambe | nulya sang rara gupuh | malbèng wisma anulya salin | asinjang mori pêthak | kêmbên dara muluk | asêngkang urubing damar | pupuripun anglamat datan kêtawis | dhasar kuning ni rara ||

16. susupene apan kalih sisih | sêkar sêdhah lan sasraludira |

--- 52 ---

munggèng ênthik-ênthikane | wusnya dangdan§ prayoginipun: dandan. sang ayu | lajêng nata pawohanèki | anèng talam kuningan | cêpukipun pênyu | lajêng malih tinimbalan | mring kang rama nulya sang rara agipih | mêdal nyangga pawohan ||

17. langkung merang mulat ing têtami (182) | sarimpungan dènira lumampah | lir wong amêndêm pucunge | ya ta Mongraga dulu | têka mèsêm sajroning galih | nênggih sang rara nulya | lênggah wurinipun | ning rama sang tapa nyandhak | kang pawohan sinaosakên ingarsi | sarya ngling mring kang prapta ||

25. PocungTeks asli: Pucung.

1. lah ta dawêg amucanga putraningsun | nuwun kang ingatag | sang tapa angling mring siwi | rara apa uwus gonmu olah-olah ||

2. ingkang putra matur bibisik yèn sampun | kang rama ngandika | payo ladèkna tumuli | ngarah apa ing saanane kewala ||

3. ya ta gupuh sang dyah malbèng wisma sampun (183) | sang tapa ngandika | marang Sèh Amongraga ris | lah puniku anak rayi jêngandika ||

4. mung sapele anak pêparing Hyang Agung | matur kang liningan | pun êmbok wontên ing pundi | sang pandhita gumuyu ing saurira ||

5. wus tinutur wau ing sêdayanipun | mèsêm Amongraga | nahên ta sang rara nuli | wusnya ngrakit dhahar gya binêkta mêdal ||

6. santri kalih kang ngrampa dhudhulangipun | kang aisi ulam | sumbul binêkta wong siji | kang nyamikan apan ta dadi sadhulang ||

7. ni kèn rara kang bêkta lantinganipun | ing sapraptanira | ing langgar lajêng sinaji | sêkul sumbul pan wus tinumplêk ing panjang ||

8. ulamipun tinata dharik§ prayoginipun: tharik. nèng ngayun | pan awarna-warna | ya ta wusira anuli | sang pandhita ngacarakên dawêg anak ||

9. wêwantinga sugatane rinirèku (184) | sawontêne uga | sugatane tiang ardi | kang liningan nuwun anyandhak lantingan ||

10. atuturuh sang pandhita gya tuturuh | dyan lêkas adhahar | adangu dènira bukti | sawusira lajêng linorodkên samya ||

11. lawan sabat lan rencanging tamu kêmbul | gantya kang dharanan§ prayoginipun: dhaharan. | sinaosakên ingarsi | sang pandhita lan tamu dhahar nyamikan ||

12. duk sêmana nuju mahrib wancinipun | dyan sami totoya | angambil toya kadasi | sabat wolu ngambil toya wulu samya ||

13. Jamal Jamil wus angambil toya wulu | wusnya lajêng adan | sajak Carêbon anggalik | sami eram sagung ingkang amiarsa ||

14. dhasar bêsus Ki Jamal yèn karya têmbung (185) | wusnya sami sunat | Jamil ingkang angamati | Amongraga pinêksa pan dadya imam ||

15. anuruti dadya imam sawusipun | bakda gya pujian | ri wusnya anulya dikir | wusing dikir lajêng dènya maos donga ||

16. wusnya donga lajêng sêsalaman sampun | nulya tata lênggah |

--- 53 ---

sigra panganan sumaji | ya ta kalihira adhahar nyamikan ||

17. sang pandhita aris pangandikanipun | dhatêng Amongraga | anak ala nganggur sami | inggih saking dèrèng sumurup kaula ||

18. nêdha brêkah pun bapa sayêktinipun | dhumatêng pun anak | punapa samia ugi | rahsanipun ngèlmu ingriki lan Karang ||

19. Amongraga mèsêm aris sauripun (186) | punapa sanèsa | pan inggih namaning ngèlmi | yêkti sami ingriki lawan ingrika ||

20. sènèsipun§ prayoginipun: sanèsipun. ingriki lêbêt kêlangkung | kathahên wangsalan | sanès kêlawan ing Kawis | gathak-gathuk botên kathahên karenah ||

21. sang pandhita aris wau wuwusipun | anak yèn pun bapa | inguni manira manggih | kang wirayat saking titiang mulana ||

22. nanging nora binabarkên yêktinipun | pan sabên micara | ingumpêtan dèn jarwani | marma taksih rubêt manahe pun bapa ||

23. Amongraga aris wau aturipun | lah tuan jarwakna | kaula ajêng miarsi | sang pandhita aris dènira wêcana ||

24. inggih wiwitane kang jagad puniku (187) | mring Hyang Maha Mulya | pundi kang kinarya dhingin | Amongraga sumaur apan datulah ||datullah (dan di tempat lain).

25. tinibakên puatpuwat. babu Hawa nêngguh | duk lagine apan | nèng sirahe Adam singgih | aranipun pan aran betal mukadas ||

26. ingkang betal muka pan ing têgêsipun | ingkang dadi ngarsa | têgêsing das pan pangèksi | duk nèng kuping kanan wau kayat ranya ||

27. duk nèng kuping kiwa wilayat ranipun | yèku nur sênyata | duk nèng mata têngên singgih | pan ingaran nênggih rasa jati ika ||

28. sotya kiwa sarirasa wastanipun | duk nèng gulu kiwa | wau wahid wartanèkiwastanèki. | duk nèng dhadha wahid wau wastanira ||

29. duk nèng ati sirolah pan namanipun | sang tapa angucap | duk lagi nèng pusêr iki | gih punapa anak wastane punika ||

30. Amongraga aris wau sauripun (188) | duk nèng pusêr ika | jamilah wastane nênggih | duk lungane mring sêgara rante ika ||

31. duk tumurun nutpah namane puniku | duk nèng kêmpung ranya | albah wastanipun singgih | anèng têngah kalam apan ingaranan ||

32. nokat duk nèng pucuking kalam puniku | naptu gaib apan | duk tiba wêwadhah singgih | lir mas timbul tumiba babau Hawa ||

26. Maskumambang

1. ingaranan nênggih wadi lawan mani | manikêm wêwadhah | wadi ênggoning raswèki | madi gih ênggone rasa ||

2. mani sêjatine rasane puniki | kang manikêm ika | duk kêmpêl rasa sêjati | kakung kêlawan wanodya ||

3. manthuk-manthuk pandhita atakèn malih (189) | dadine punapa | wadi madi lawan mani | lah anggèr tuan jarwakna ||

4. Amongraga mèsêm saurira aris | wadi dadi ika |

--- 54 ---

puputihing mata kalih | madi irêng-irêng mata ||

5. manikêm pan dadi ugêr netra kalih | lawan dadi ika | duk kêmpêl tibane kalih | anèng wêwadhah punika ||

6. sêjatine datulah jatining urip | pandhita lingira | apa rupane raswèki | Amongraga saurira ||

7. rasa iku rupane pan anglir gêtih | nging dudu rudira | anênggih ingkang puniki | lawan kaya daging ika ||

8. nanging dudu jatine daging anênggih | apan johar awal | pan têgêse johar iki | puniku apan sosotya ||

9. pan puniku ingkang dinadèkên dhingin (190) | roh ilapi ika | sang tapa atakèn malih | paran têgêse punika ||

10. ya ingkang roh ilapi ta kadipundi | anggèr padhangêna | Amongraga mèsêm angling | têgêse roh urip ika ||

11. kang ilapi têgêse trêsandhaning sih | kinarya pratandha | artine ingkang ilapi | sajroning urip pan ana ||

12. wus kalingling dening Suksma kang linuwih | nanging nora kengang | yèn ngugêmana puniki | nênggih kang sami ingucap ||

13. datan kengang tungkul wong aulah ngèlmi | yèn anggung jubriajubriya (dan di tempat lain). | lir wong ngambil minèng kali | ulam sakêdhung pan sirna ||

14. mêksa adrêng pêngamèke tan amikir (191) | pijêr suka-suka | pakewuh tan dèn kawruhi | tan wruh yèn sinisil baya ||

15. pan puniku lambange wong ulah ngèlmi | pan kudu prayitna | lan malih ngêdohkên kibir | sang tapa angrangkul agya ||

16. sarwi angling putraningsun wong asigit | sun nyana tan limpad | ing kawruh ingkang sêjati | Amongraga saurira ||

17. drêmi-drêmi paman kewala puniki | sagêd amicara | yêkti tan sagêd nglampahi | ya ta wau ni kèn rara ||

18. sêdangune nèng wurining ramanèki | mirsakên kang sabda | gènira abantah ngèlmi | tyasira agarunêkan ||

19. osiking tyas nyata winasis wong iki | baya iki uga | kang pantês ingsun ngèngèri | yèn badhe sual manira ||

20. pan mêngkana sang rara osiking galih (192) | ya ta sang pandhita | alon awêcana aris | marang ing Sèh Amongraga ||

21. lah ta anak puniki arinta inggih | bok andika wulang | darbe kawruh pan inguni | kaula tari akrama ||

22. nora ayun yèn tan wontên kang jawabi | ing pangawruhira | Amongraga mèsêm angling | kaula ayun miarsa ||

23. ing kawruhe bilah§ prayoginipun: bilih. kaula puniki | sagêd anglêgakna | ing manahipun mênawi | karya dana kasampurnan ||