Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

SÊRAT CÊNTHINI LATIN 1

YAYASAN CENTHINI YOGYAKARTA

--- 1 : [i] ---

SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS)

Yasandalêm

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta

JILID I

Kalatinakên Miturut Aslinipun dening KAMAJAYA

Cethakan III

[Grafik]

Pênêrbit: YAYASAN CÊNTHINI Yogyakarta, 1992

--- 1 : [ii] ---

Penerbit : YAYASAN CENTHINI

HAK CIPTA DILINDUNGI UNDANG-UNDANG

Cetakan : Ketiga 1992

Percetakan : BATUHITAM Offset

--- 1 : iii ---

PRAWACANA

Sêrat Cêthini aksara Latin punika aslinipun sêratan aksara Jawi, cacahipun 12 jilid, kandêlipun langkung saking 3.500 kaca. Sêrat ingkang asli sumimpên ing Sanapustaka kraton Surakarta. Dene ingkang wontên ing Rêksapustaka Mangkunagaran, Pahêman Radya-pustaka Sriwêdari. Museum Sana Budaya Yogyakarta. Museum Gêdhong Gajah Jakarta lan sanès-sanèsipun punika sadaya turunan utawi turunaning turunan.

Sêrat Cênthini jangkêp 12 jilid dumugi sapriki dèrèng nate kawêdalakên sarta kacetak aksara Jawi utawi Latin. Nalika taun 1912 M mila sampun wontên Sêrat Cênthini Latin wêdalan 'Bataviaach Genootschap van Kunsten en Wetenschappen', cetakan Firma Ruygrok & Co ing Bêtawi cacahipun 4 buku isi 8 jilid, jilid 1 dumugi 8, ananging cetakan Latin wau sayêktosipun 'pêthikan' saking aslinipun jilid 5 dumugi 9. Dados, pêthikan ing têngah lan botên kenging kawastanan jangkêp. Cêthanipun. Sêrat asli jilid 1 dumugi 4 tuwin jilid 10 dumugi 12 botên kawêdalakên. Katrangan bab Sêrat Cênthini pêthikan wau badhe kaaturakên ing wingking.

Dumadosipun Sêrat Cênthini

Dumadosipun Sêrat Cênthini wau awit saking karsanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III, putra Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV (jumênêng 1788-1820 M) ing Surakarta. Kangjêng Gusti wau ing têmbenipun jumênêng Sinuhun Pakubuwana V (1820-1823 M) ingkang ugi sinêbut Sunan Sugih.

Ingkang pinatah mandhegani anggubah Sêrat Cênthini wau abdidalêm kliwon carik kadipatèn wasta Sutrasna ingkang ugi sinêbut Ki Ngabèi Ranggasutrasna, dipun kanthèni:

1. Radèn Ngabèi Yasadipura II (Radèn Tumênggung

--- 1 : iv ---

Sastranagara), abdidalêm bupati pujangga kadipatèn;

2. Radèn Ngabèi Sastradipura, abdidalêm kliwon carik kadipatèn. Sasampunipun nindakakên ibadah haji, gantos nami Kyai Haji Mohammad Ilhar;

sarta kaparingan pêmbantu:

1. Pangeran Jungut Mandurarêja, pradikan krajan Wangga, Klatèn, Surakarta;

2. Kyai Kasan Bêsari, ngulama agung ing Gêbangtinatar, Panaraga, mantudalêm Sinuhun Pakubuwana IV;

3. Kyai Mohamad Minhad, ngulama agung ing Surakarta.

Wondene ingkang minangka lajêring cariyos lêlampahanipun Jayèngrêsmi inggih Sèh Amongraga. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom maringakên sêrat 'Suluk Jatiswara', kadhawuhan ambabar tuwin ambèbèr kanthi moncèr. Dene 'Suluk Jawiswara' wau miturut candrasangkala panyêratipun 'Jati tunggal swara raja' (1711 Jw.), punika jamanipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana III, mila wontên pandugi sêrat wau yasandalêm PB III. Kathah para ahli ingkang, kadhawuhan ambiyatu ing babagan kawruhipun piyambak-piyambak, kalêbêt Kangjêng Pangulu Tafsiranom ing bab agami Islam. Para ahli sanès-sanèsipun sami nyêrat bab-bab: agami, kabatosan (mistik), ngèlmu kasunyatan/kasampurnan, jaya-kawijayan, kanuragan, pangasiyan, kawruh sanggama, pêpetangan primbon, iladuni, pawukon, pranatamangsa, kawruh sêsaji, tatacara, jiyarahan, patilasan, têtilaran kina, kasusastran, dongèng, babad, dhuwung dalah ciri-cirinipun, bab kuda, pêksi, wisma (undhagi), karawitan, gêndhing, bêksan, tanêm tuwuh, têtanèn, jampi-jampi lan taksih kathah sanès-sanèsipun, kalêbêt lêlucon ngantos bab carêmêdan (awon, rêsah). Sadaya karêmbag muyêg, lêbêt lan nêngsêmakên bab kawontênan ing rêdi-rêdi, guwa, pasisir lan sasaminipun wêwaton palapuranipun para bupati pasisir. Utusan-utusan sami ngyêktosakên papan-papan ingkang kramat tuwin wingit, kadhawuhan damêl pèngêtan minangka dhasaring panggubah. Parandene Sang Pangeran Adipati Anom ugi nyarirani tumut anggarap lan naliti sadaya isinipun.

--- 1 : v ---

Wiwiting panggarap Sêrat wau ing dintên Sabtu Paing, tanggal 26 Sura, sinêngkalan 'Paksa suci sabda ji', taun Jawi 1742 utawi taun Masèhi 1814. Dados umuripun sampun 171 taun. Sarêng sampun dados, sêrat wau kaparingan nama 'Suluk Tambangraras' ingkang umumipun sinêbut 'Sêrat Cênthini'. Dene nama 'Cênthini' wau mêndhêt namaning cèthi-abdinipun Nikèn Tambangraras ingkang dados garwanipun Sèh Amongraga.

Saking pêpak lan kathahing isinipun Sêrat Cênthini wênang sinêbut 'Ensiklopèdi Kabudayan Jawi'.

Sêrat Cênthini 'pêthikan'

Ing ngajêng sampun kaaturakên bilih Sêrat Cênthini Latin wêdalan Bêtawi taun 1912 punika 'pêthikan', mila botên jangkêp kadosdene aslinipun. Dene larah-larahipun, Sinuhun Pakubuwana VII (1830-1855 M) dhawuh nêdhak Sêrat Cênthini asli jilid 5 dumugi jilid 9. Ing jilid 5 kadhawuhan nambahi 'bêbuka' dening pujangga Radèn Ngabèi Ranggawarsita. Bêbuka wau arupi sêkar Dhandhanggula 17 pada tuwin Sinom sapada, kanthi sêngkalan 'Tata rêsi mulang janma', taun Jawi 1785.

Sêrat Cênthini 'pêthikan' mawi 'bêbuka' wau kapisungsungakên dhatêng raja Walandi. Dumugi sapunika kasimpên ing Universitas Leiden, nagari Walandi. Sêrat pêthikan wau katêdhak dening 'Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen'. Lajêng kawêdalakên aksara Latin ing Bêtawi. Sadèrèngipun kacetak, kataliti dening Radèn Ngabèi Suradipura, Radèn Prawirasuwignya tuwin Radèn Wirawangsa, sarta dipun sukani 'Katrangan minangka bêbuka' dening Radèn Mas Arya Surya Suparta, jurubasa Jawi ing Surakarta ingkang têmbenipun jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII (1916-1944) ing Surakarta.

Pêrlu kawêdalakên ing aksara Latin

Sêrat Cênthini ingkang umuripun sampun 171 taun lan isinipun sakalangkung kathah sarta pêpak bab kawruh, pangawikan utawi kabudayan Jawi punika satunggaling warisanipun lêluhur Jawi ingkang wênang sinêbut adiluhung, jêr sêrat punika babon

--- 1 : vi ---

utawi sumbêring kabudayan Jawi. Sêrat-sêrat Jawi kathah sangêt ingkang mêthik isinipun Sêrat Cênthini, nanging botên nyêbut sumbêring pêthikan. Pramila Sêrat Cênthini punika sakalangkung pêrlu dipun sinau lan dipun pahami dening para satrêsnasutrêsna. lan para pangudi, wêkasan sagêd dados ubarampe sarta urun dumadosipun Kabudayan Nasional Indonesia.

Sagêdipun para sutrêsna lan para pangudi nyinau Sêrat Cênthini wau namung bilih sêrat wau kacetak lan kawêdalakên ing aksara Latin, amargi cetakan aksara Jawi botên wontên: ingkang Latin jangkêp ugi dèrèng wontên. Ingkang nate kawêdalakên kadosdene wêdalan taun 1912 sampun botên wontên ingkang nyade, tur ejaanipun sampun beda kalihan ejaan jaman sapunika. Awit saking punika Sêrat Cênthini Latin punika karaya-raya kawêdalakên.

Pambudidayanipun 'Yayasan Cênthini'

Ingkang ambudidaya wêdalipun Sêrat Cênthini punika 'Yayasan Cênthini' (Yasni) ing Yogyakarta, satunggaling bêbadan ingkang mligi anggarap Sêrat Cênthini Latin dumugi sarampungipun, sukur bage ing têmbe sagêd ngêdalakên Sêrat Cênthini basa Indonesia.

Pêrlu kauningan, bilih tuhunipun Yasni punika nglajêngakên ada-adanipun 'UP Indonesia' ing Yogyakarta ingkang wiwit taun 1975 sampun ngêdalakên:

1. 'Pustaka Centhini selayang pandang' oleh Ki Sumidi Adisasmita;

2. 'Pusaka Centhini, ikhtisar seluruh isinya' oleh Ki Sumidi Adisasmita;

3. Serat Centhini Latin miturut aslinipun jilid 1 dumugi jilid 6;

4. 'Serat Centhini dituturkan dalam Bahasa Indonesia' oleh Tardjan Hadidjaja dan Kamajaya jilid I-A dan I-B.

Sêrat Cênthini Latin kasbut angka 3 ing nginggil arupi pêcahan-pêcahanipun Sêrat asli, i.p. : jilid 1 asli dados 4 jilid; jilid 5 lan 6 punika sapalihipun jilid 2 asli. Dene 'Serat Centhini dituturkan dalam bahasa Indonesia I-A dan I-B' punika 'saduranipun' jilid 1 asli.

Rèhning UP Indonesia kacupêtan wragad sarta botên sagêd

--- 1 : vii ---

nglajêngakên niyatipun, mila sawatawis sutrêsna Kabudayan Jawi, kalêbêt pendukung utama almarhum Bp. H. Adam Malik, lajêng andhapuk 'Yayasan Centhini' (Yasni) ingkang mligi anggarap Sêrat Cênthini Latin, sukur sagêd dumugi ing wêdalan basa Indonesia.

UP Indonesia sampun masrahakên naskah Sêrat Cênthini Latin 12 jilid, kathahipun 5.138 kaca tik folio, babon saking sêratènsêratan. Jawi kagunganipun Kangjêng Radèn Mas Arya Suryasurarsa ing Mangkunagaran Surakarta, sadaya wontên 3.216 kaca folio. Sêrat babonipun wau sumimpên ing Balai Kajian Sejarah dan Nilai Tradisional Ditjen Kebudayaan Departemen P dan K, Yogyakarta.

Wragadipun

Wragadipun ngêdalakên Sêrat Cênthini Latin ngantos satamatipun yêkti botên sakêdhik, tangèh Yasni sagêd nyêkapi. Ing wiwitan punika Yasni angsal pambiyantunipun Ford Foundation cabang Indonesia ing Jakarta ingkang pusatipun wontên ing Amerika Serikat. Sanadyan pasumbang wau botên nyêkapi kangge ngêdalakên Sêrat Cênthini Latin dumugi satamatipun, nanging pambiyantu wau sakalangkung agêng paedahipun, jêr sagêd minangka pancadan wêdalipun jilid-jilid kawitan, salajêngipun mugi sagêd sambêt-sumambêt saking angsal-angsalan panyadenipun Sêrat Cênthini Latin jilid-jilid kawitan kasbut.

Awit saking punika Yayasan Centhini ngaturakên gunging panuwun dhatêng Ford Foundation lan sadaya ingkang sampun nyêngkuyung wêdalipun sêrat warisaning lêluhur Jawi punika, kalêbêt para pambiyantu anglatinakên Sêrat Cênthini tuwin para sutrêsna tuwin para maos ingkang sampun maringi 'toya panggêsangan'.

Mugi-mugi gêgayuhan kasbut pinaringan barkah dening Gusti Allah. Amin.

Yogyakarta, 20 Mèi 1985.

YAYASAN CENTHINI

Kamajaya

H. Karkono K. Partokusumo.

Ketua

--- 1 : viii ---

PATHOKAN NGLATINAKÊN SÊRAT CÊNTHINI

Pathokan nglatinakên (transliterasi) Sêrat Cênthini kados ing ngandhap punika:

1. Dhasaring pathokan 'Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan'. Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta 1977.

2. Pangalih-aksara muhung miturut aksara Jawinipun. Pramila wontên satunggal têmbung sêratanipun Latin warni-warni, kadosta:

sudigbya - sudibya:

masjid - mêsjid - masjit:

watak - watêk - watag.

3. Aksara Jawi kasêrat Latin:

caDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... c

daDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... d

dhaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... dh

jaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... j

yaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... y

nyaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... ny

thaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... th

4. Sandhangan swantên taling (e)Ditulis dengan huruf Jawa. dipunsêrat: /e/.

Swantên taling ingkang beda pamaosipun kalihan /e/, kasêrat kanthi tandha (diakritik) /è/, i.p. tumrap têmbung-têmbung ingkang kaanggêp pêrlu dipunsukani tandha, kadosta:

Èmpêr - èmpèr:

Lêmpêr - lèmpèr:

Gêgêr - gègèr.

5. Sandhangan swantên pêpêt (ê)Ditulis dengan huruf Jawa. dipunsêrat /ê/.

6. Murih runtut saha gampil panglacakipun sabên pupuh dipunwêwahi angka urut: I, II (angka Romawi) sarta pada angka urut: 1, 2 lst.

--- 1 : ix ---

7. Angka urut kaca isining buku kawiwitan ing jilid 1 angka 1 satêrusipun dumugi tamating jilid I, kaca 332. Ing jilid II angka kaca wau kalajêngakên, wiwit kaca 333 lan salajêngipun angkaning kaca katêrusakên ngantos tamat jilid XII. Dene 'Isinipun buku' sarta katrangan sanès-sanèsipun, - bilih wontên, - migunakakên angka Rumawi.

8. Migunakakên têtêngêr:

( ): kangge ngapit perangan wêwahan, kadosta: (m)botên. (ng)gèr, (n)dadosakên.

(?): têtêngêr perangan ingkang botên cêtha utawi ingkang risak.

9. Kalêpatan ing dalêm naskah, upaminipun: /gagal/ kaparingan tandha...*) ing wingkingipun, salajêngipun ing ngandhap wontên cathêtan (footnote): prayoginipun /gigal/ = dhawah.

--- 1 : x ---

ISINIPUN SÊRAT CÊNTHINI I

Sêrat Cênthini jilid I isi 87 pupuh, wiwit pupuh 1 dumugi pupuh 87 ... kaca 1-332

Urut-urutan saha gancaring isinipun kasbut kados ing ngandhap punika:

I. Bêbuka

Kangjêng Pangeran Adipati Anom (Prabu Amêngkunagara III putra Sinuhun PabubuwanaPakubuwana. IV) dhawuh dhumatêng carik (kapujanggan) Sutrasna supados nganggit sêrat sinawung ing sêkar ingkang isi sadaya bab Kawruh Jawi, sagêda minangka babonipun sanggyaning Pangawikan Jawi. Dene lajêring cariyos bab lêlampahanipun Radèn Jayèngrêsmi. Wiwitipun nganggit sêrat wau ing dintên Sabtu Paing, tanggal 26 Sura, sinêngkalan 'paksa suci sabda ji', taun Jawi 1742. Sêrat wau kaparingan nama 'Suluk Tambangraras'.

II. Babad Giri

1. Sèh Wali Lanang, ulama saking nagari Juddah angajawi, njujug ing Ngampèl (Grêsik, Jawi Wetan), lajêng dhatêng Banyuwangi. Putri Prabu Blambangan pinuju gêrah santêr. Awit saking aturipun Patih Samboja, sang prabu mundhut pitulunganipun Sèh Wali Lanang. Sang putri sagêd waluya, lajêng kadhaupakên kalihan Sèh Wali Lanang. Prabu Blambangan kasuwun ngrasuk agami Islam, nanging botên kêrsa saengga Sèh Wali Lanang lolos. Patih Samboja kadukan, lajêng kesah suwita ing Majapait. Garwanipun

--- 1 : xi ---

Sèh Wali Lanang sampun anggarbini, wasana miyos kakung. Bayi kalêbêtakên ing kandhaga lajêng kabucal ing sagantên, kapulung dening juragan lêlayaran, lajêng kacaosakên Nyi Samboja ingkang sampun warandha lan botên kagungan putra. Bayi kapundhut putra, kaparingan nama Santri Giri. Umur 12 taun kasuwitakakên Sunan Ngampèl, kakadangakên kalihan putra Ngampèl ingkang wasta Santri Bonang. Sarêng diwasa kadang kêkalih wau nêdya dhatêng Mêkah, nanging wontên ing Malaka kapanggih Sèh Wali Lanang lan kadhawuhan wangsul. Santri Giri kaparingan pêparab Prabu Sètmata lan Santri Bonang kaparingan kêkasih Prabu Anyakrakusuma. Santri Giri wêkasanipun jumênêng Sunan Giri. ... kaca 1 - 4

2. Prabu Brawijaya ing Majapait botên rêna wontênipun kawaliyan ing Giri, mila utusan Patih Gajahmada sawadyabala nêlukakên Giri. Wadya Majapait kasoran jalaran dipun amuk dening dhuwung kadadosan saking kalam-panyêratanipun Sunan Giri. Dhuwung wau lajêng kaparingan nama Kalam-munyêng. Sunan Giri seda kagantos putranipun (Sn. Giri Kadhaton). Putra seda, kagantos wayah, jêjuluk Sn. Giri Prapèn. Prabu Brawijaya ngambali malih anggènipun badhe nêlukakên kawaliyan Giri, nanging ugi botên kalêksanan jalaran wadyabalanipun kabujung kombang maèwu-èwu ingkang mêdal saking pasareyan Sunan Giri. Wêkasanipun Majapait malah risak dening putranipun piyambak, i.p. R. Patah. Sunan Giri Prapèn nyarati jumênêng ratu (-ning agami) 40 dintên, praja lajêng kapasrahakên R. Patah, jumênêng ratu ing Dêmak. ... kaca 5 - 9

3. Panguwaosing tanah Jawi ing Dêmak lumintir dhatêng Pajang. Ingkang jumênêng Sultan Adiwijaya, sowan Sunan Giri Prapèn ing nalika sineba para bupati Bang-wetan. Sultan Pajang kadhèrèkakên

--- 1 : xii ---

Kiagêng Pamanahan ingkang kawêca dening Sunan Giri bilih têmbenipun badhe nurunakên ratu mêngku tanah Jawi, kalêbêt Giri. Sasedanipun Sultan Pajang, panguwaosipun tanah Jawi kaasta Panêmbahan Senapati ing Mataram. Sasampunipun seda kagêntosan dening putranipun Sultan Anyakrawati ingkang lajêng kagêntosan dening putranipun, i.p. Sultan Agung Anyakrakusuma. ... kaca 10 - 15

4. Sultan Agung nimbali Pangeran Pêkik ing Surabaya, lajêng kadhaupakên kalihan Ratu Pandhansari, rayi Sultan Agung. Pangeran Pêkik kadhawuhan nêlukakên Giri, lajêng bidhal dalah garwa. Rèhning Sunan Giri botên purun nungkul, dados pêrang Surabaya mêngsah Giri. Sunan Giri ngêndêlakên murid sarta putra-angkatipun, satunggaling prajurit Cina Islam nama Endrasena.

Nalika rame-ramening pêrang, putra Giri saking ampeyan ingkang wasta Radèn Jayèngrêsmi atur panrayogipamrayogi. supados ingkang rama botên lumawan Sultan Agung. Aturipun botên dipun paèlu, putra lajêng lolos kadhèrèkakên santri Gathak lan Gathuk. ... kaca 15 - 31

5. Wadya Surabaya kalindhih, nanging lajêng pêpulih dipunsenapatèni Ratu Pandhansari. Kocap, tiga putra-putrinipun Sunan Giri sami lolos nalika rame-ramening pêrang R. Jayèngrêsmi kadhèrèkakên abdi lan R. Jayèngrêsmi tuwin rayi Nikèn Rancangkapti ugi kadhèrèkakên santri. Lampahipun beda-beda mila tansah upados-ingupadosan. Ing payudan, prajurit Surabaya unggul. Andêl-andêling Giri Endrasena kapupu. Sunan Giri têluk, kaboyong dhatêng Mataram sakulawarga dalah rajabrananipun ... kaca 31 - 50

--- 1 : xiii ---

III. Lampahipun R. Jayèngrêsmi

1. Lampahipun kadhèrèkakên santri Gathak Gathuk dumugi ing tilas kraton Majapait, ningali candhi Brau tuwin Bajangratu, lajêng dhatêng Blitar ningali candhi Panataran, têrus dhatêng dhusun Gaprang, wana Lodhaya, ningali gong Kyai Pradhah. Têrus dumugi dhusun Pakèl kapanggih Ki Carita ingkang nêrangakên bab kêpèk dalah isinipun ingkang sumimpên ing tajug satêngahing wana Lodhaya. Ing Lodhaya nyumêrapi sima gadhungan. Dumugi ing Tuban têrus dhatêng Bojanagara. Ing wana Bagor kapanggih lêlêmbat Ratumas Trêngganawulan ingkang suka katrangan bab ngalamatipun pêksi dhandhang, pêksi prênjak, sato tukang tuwin kasiatipun pêksi platukbawang ... kaca 52-65

2. Lajênging lampah nglangkungi rêdi Pandhan dumugi ing Gambiralaya, ningali tilas pêrtapanipun Dèwi Gêndrasari. Angsal katrangan saking Ki Padhang bab rêca Ki Drêpa ingkang dongèngipun kasmaran dhatêng Dèwi Gêndrasari kanthi sumpah manawi botên kalaksanan, pajalêranipun badhe katigas. Kalampahan Ki Drêpa pêjah dados rêca mangku pajalêranipun. ... kaca 66-68

3. Lampahipun dumugi ing dhusun Dhandhêr pinanggih kêpala dhusunipun ingkang nêrangakên bab latu pakayangan, ukuran dhuwung sarta ukuran landheyaning tumbak. Dumugi ing Kasanga pinanggih Ki Jatipitutur ingkang dongèngakên bab Prabu Jaka ing Mêdhangkamulan mêjahi sawêr dumugi kagungan putra wujud sawêr wasta Jaka Nginglung ngantos mulabukanipun wontên sumbêr-sumbêr lisah. ... kaca 69-83

4. Dumugi ing dhusun Sela kapanggih Kyai Pariwara ingkang paring katrangan bab: 1. Pêpalinipun Kiagêng Sela; 2. Dongèngipun Kiagêng Sela nyêpêng

--- 1 : xiv ---

blêdhèg; 3. Panênuning lurik lss. Lampahipun dumugi ing Gubug kapanggih Dhatuk Bahni ingkang nêrangakên bab: 1. Petang dintên pasang tarub; 2. Pilihan dintên pangantèn sarêsmi; 3. Dintên sirikan kangge sarêsmi; 4. Pemut bab sanggama; 5. Petang naas Nabi. ... kaca 83-99

5. Lampahipun lajêng mangalèr dumugi rêdi Prawata, ningali tilas kadhaton Prawata. Lajêng dhatêng Dêmak, têrus dhatêng rêdi Murya, jiarah ing pasareyanipun Sunan Muryapada. Kapanggih Buyut Sidasêdya ingkang anggêlarakên bab: 1. Petangan tiyang kêkesahan; 2. Lampahing para Nabi; 3. Sangat mangkating kêkesahan; 4. Sangat Nabi; 5. Palintangan; 6. Sangat lairing jabangbayi lan pêcating nyawa; 6. Ukuraning pemahan; 7. Ukuran saka lan usuking griya; 8. Ukuraning pagêr; 9. Lêting pandhapi kalihan griya; 10. Petangan damêl gêdhogan; 11. Nututakên kewan ... kaca 100-121

56. Dumugi ing Pêkalongan, têrus dhatêng Panêgaran puruita Wasi Kawiswara, winarah isining Sêrat Nitisruti. Dumugi ing rêdi Slamêt pinanggih Sèh Sêkardalima, winêjang bab: 1. Suluk Wali-sanga; 2. Cariyos (pralambang) Waringin-sungsang; 3. Bab tapa 5 prakawis; 4. Suluk Langit-sapta; 6 Kanugrahan, pribadining manungsa tuwin napsu sakawan. Lampahipun lajêng dumugi rêdi Sawal pinanggih Rêsi Narawita, bantah ngèlmu wêkasan prang tandhing abên kasantikan. Sang rêsi kawon lajêng muksa ... kaca 122-141

7. Dumugi ing rêdi Cêrme pinanggih Rêsi Singgunkara ingkang mêdharakên bab: "1. Wariga-gêmêt, awon saening dintên miturut Wuku 30; 2. Petang Nagajatingarang kangge tiyang ngalih griya. Lampahipun kalajêngakên dumugi rêdi Tampomas, pinanggih

--- 1 : xv ---

Sèh Trênggana dalah semahipun wasta Sitarêsmi lan anakipun èstri wasta Ni Ruhkanti, winulang ngèlmi kasidan kanthi wangsalan. Botên dangu Sèh Trênggana muksa. R. Jayèngrêsmi suka piwulang dhatêng Ruhkanti bab Martabat-pitu. Ni Ruhkanti kapundhut garwa Sultan Cêrbon lajêng kaboyong dalah ibunipun. Jayèngrêsmi nglajêngakên lampah. ... kaca 142-165

7. Ing rêdi Mandhalawangi pinanggih Ajar Suganda mêjang bab: 1. Petang iladuni awon saening dintên; 2. Pranatamangsa; 3. Candrasangkala dalah watak-watak satunggal-satunggaling têmbung sarta panggubahing candrasangkala; 4. Wataking tanggal 1 dumugi 30. Dumugi ing Bogor pinanggih Ki Wargapati ingkang mêdharakên bab lampah pujidina murih umur panjang. R. Jayèngrêsmi suka katrangan bab jaman dahuru kiyamat kubra. Wasana nglajêngakên lampahipun ningali tilas kraton Pajajaran.

8. Dumugi ing rêdi Salak R. Jayèngrêsmi kabiyantu Ki Wargapati ambangun asrama saengga kuncara anggènipun adêdana pala. Kacariyos Kiagêng Karang ingkang wasta Sèh Ibrahim sungkawa jalaran putranipun kesah tanpa pêpoyan. Angsal wangsit supados amboyong Jayèngrêsmi, punika minangka gêgêntosing putra. R. Jayèngrêsmi kaboyong dening Kiagêng Karang, winulang samodra-rahmat. Wêkasan GuthukGathak. Gathuk nusul dhatêng Karang. ... kaca 200-207

IV. Lampahipun R. Jayèngsari dalah Niken Rancangkapti

1. Lampahipun kadhèrèkakên santri Buras dumugi ing pêsantrènipun Amat Sungèb ing Sidacrêma, nanging dalunipun lolos, laju mangetan jalaran kuwatos kawanguran dening wadya Surabaya. Lêrêm sawatawis [sawa...]

--- 1 : xvi ---

[...tawis] ing Sêndhang Pasuruhan, Tlaga Gati, Banyubiru, lajêng minggah sukunipun rêdi Tênggêr. Dumugi Singasari ningali candhi Singasari ngantos dumugi sumbêr Sanggariti, têrus dhatêng candhi Kidhal. ... kaca 207-215

2. Ing rêdi Tênggêr, wontên ing dhusun Tasari pinanggih Buyut Sudarga. R. Jayèngsari minggah rêdi Tênggêr kaatêrakên Ki Buyut, ningali kawah lan sêgantên wêdhi. Dumugi ing dhusun Ngadisari pinanggih Rêsi Satmaka, panguluning agami Budha ingkang nyariyosakên bab tatacara agaminipun sarta wontênipun agami-agami kadewan: Sambo, Brama, Wisnu, Indra, Bayu tuwin Kala dalah tatacaranipun. ... kaca 216-230

3. R. Jayèngsari nyariyosakên bab agami-agami kanabiyan: Adam, Sis, Nuh, Ibrahim, Dawud, Musa tuwin Ngisa dumugi sarengat Nabi panutup Muhammad Rasulullah.

Ki Buyut (n)dongèngakên bab 'Sri-Sadana' wiwit Dèwi Sri dados sawêr sawa rumêksa Kèn Rakêtan anakipun Nyi Wrigu karêncana para dewa, nanging sagêd kacabarakên dening Ki Wrigu ingkang nindakakên sarat sarana miturut pitêdahipun Dèwi Sri, ngantos badharipun sawêr sawa dados Dèwi Sri kundur makayangan sarêng kalihan Dèwi Tiksnawati. ... kaca 230-246

4. R. Jayèngsari dalah rayi lan abdi nglajêngakên lampah dumugi ing dhukuh Klakah sipêng ing griyanipun Umbul Sadyana nyumêrêpi urubipun rêdi Lamongan ing wanci dalu. Nêrusakên lampah dumugi dhusun Kandhangan bawah Lumajang, pinanggih Sèh Amongbudi ingkang nêrangakên bab wudu tuwin salat. Ing Argapura pinanggih Sèh Wahdat ingkang mêjang bab: 1. Dat, Sipat, Asma lan Afngaling Pangeran; 2. Pêprincènipun Sipat Kalihdasa. ... kaca 247-265

--- 1 : xvii ---

5. Ing rêdi Rawun pinanggih wiku-putri wasta Rêtna Tan Timbangsih, amêdharakên bab: Kadis Markum ingkang anggambarakên candraning napsu sakawan sami mêmêngsahan, wêkasan napsu Mutmainah ingkang mênang ... kaca 265-281

6. Ing Banyuwangi ningali candhi Sela Candhani ingkang miturut dêdongengan ing kinanipun panêpènipun Prabu Menakjingga ing Blambangan, rumiyin nama candhi Macan-putih. Lajêng dhatêng griyanipun Ki Menak Luhung jurukuncinipun candhi kasbut. Wontên ing ngrika kapanggih Ki Hartati, juragan saking Pêkalongan ingkang nêmbe dhatêng saking Bali. Ki Hartati botên kagungan putra, mila R. Jayèngsari lan Nikèn Rancangkapti lajêng kapundhut putra, kaboyong dhatêng Pakalongan. Putra kêkalih katanpikatampi. dening Nyi Hartati kanthi suka rênaning manah lan kawulang kawruh warni-warni, kadosta bab petangan wilujêngan tiyang tilar donya lan wêrdinipun driji gangsal. Nyi Hartati tilar donya. Kalêrês sèwu dintênipun kasusul dening Ki Hartati ... kaca 281-300

7. R. Jayèngsari dalah rayi sarta abdi linggar saking Pakalongan, ngidul ngetan minggah rêdi Prau, lajêng mandhap dumugi Diyèng kapanggih lurahipun wasta Ki Gunawan. Sami mriksani candhi-candhi ing Diyèng. Satunggal-satunggalipun katêrangakên maknanipun dening Ki Gunawan, kadosta: Pambêkanipun para Kurawa, pambêkanipun para Pandhawa gangsal tuwin prabu Krêsna, pambêkanipun garwanipun R. Arjuna; i.p. Wara Sumbadra, Dèwi Ulupi, Dèwi Manuara, Dèwi Gandawati tuwin Wara Srikandhi. Lampahipun kalajêngakên dhatêng Sokayasa ing sukuning rêdi Bisma, talatah Banyumas. Lampahipun kaatêrakên dening Ki Gunawan, laju sowan Sèh Akhadiyat. Sèh Akhadiyat dalah garwanipun [gar...]

--- 1 : xviii ---

[...wanipun] Siti Wuryan sawêg nandhang sungkawa, jalaran putranipun ingkang wasta Mas Cêbolang kesah tanpa pamit. Dhatêngipun R. Jayèngsari lan Nikèn Rancangkapti kaatêrakên Ki Gunawan sagêd dados panglipuring sungkawa. Sakalih-kalihipun lajêng kapundhut putra sarta cumondhok ing Sokayasa dalah abdinipun pun santri Buras. ... kaca 301-322

--- 1 : 1 ---

SÊRAT CÊNTHINI 1

1. Sinom

1. Sri narpadmaja sudigbyasudibya. | talatahing nuswa Jawi | Surakarta Adiningrat | agnya ring kang wadu carik | Sutrasna kang kinanthi | mangun rèh caritèng dangu | sanggyaning kawruh Jawa | ingimpun tinrap kakawin | mrih tan kêmba karya dhangan kang miyarsa ||

2. Lajêre kanang carita | laksananing Jayèngrêsmi | ya Sèh adiAdi. Amongraga | atmajèng Jêng Sunan Giri | kontap janma linuwih | oliya wali mujêdub | paparênganing jaman | Jêng Sultan Agung Mantawis | tinêngran srat kang Susuluk Tambangraras ||

3. Karsaning kang narpaputra | baboning pangwikan Jawi | jinèrèng dadya carita | sampating karsa marêngi | nêmlikur Sabtu Paing | lèk Mukaram wêwarsèku | Mrakèh Hyang Surènggana | Bathara Yama dewa ri | Amawulu Wogan Suajag sumêngka ||

4. Pancasudaning Satriya | -wibawa lakuning gêni | windu Adi Mangsamangsa. Sapta | sangkala angkaning warsi | Paksa suci sabda ji |§ Taun Jawi 1742 [A.J. 1814-5 A.D.]. rikang pinurwa ing kidung | duk kraton Majalêngka | Sri Brawijaya mungkasi | wontên maolana sangking nagri Juddah ||

5. Panêngran Sèh Walilanang | praptanira tanah Jawi | kang jinujug Ngampèldênta | pinanggih sang maha rêsi | araraosan ngèlmi | sarak sarengat Jêng Rasul | nanging tan ngantya lama | linggar saking Ngampèlgadhing | ngidul ngetan anjog nagri Balambangan ||

--- 1 : 2 ---

6. Lèrèh dhusun Purwasata | raja Balambangan nagri | putranya èstri sajuga | ing warna tuhu linuwih | sêdhêng mêpêk birahi | kataman gêrah sang ayu | madal sakèh usada | sang nata agung prihatin | kyana patih Samboja sowan mangarsa ||

7. Pukulun amba tur wikan | wontên molana ngajawi | kakasih Sèh Walilanang | sangking ing Juddah nagari | ing Purwasata kampir | yèn pinarêng tyas pukulun | prayogi ingaturan | manawi karsa sang yogi | sung usada gêrahe putra narendra ||

8. Mangkana dupi miyarsa | aturing sang nindyamantri | langkung kaparêng ing driya | nulya utusan ngaturi | sapraptaning jro puri | sang nata gupuh amêthuk | riwusnya tata lênggah | miwah katuran pambagi | amêdharkên kang dadya rêntênging driya ||

9. Sèh Walilanang wus sagah | nulya ingusadan aglis | gêrahe sang putri mulya | ramebu sukanya ngênting | karsanya narapati | Sèh Wali pinundhut mantu | ing karya tan winarna | dènnira amangun kardi | atut runtut lir mimi lawan mintuna ||

10. Wus lami nèng Balambangan | Sèh Wali matur sang aji | kinèn santun agamêslam | sarengat Nabi sinêlir | nata tan mituruti | sèh cuwèng tyas lolos dalu | kesah maring Malaka | garwa tinilar (ng)garbini | sang rêtna yu sakalangkung kawlasarsa ||

11. Sapêngkêre sang pandhita | pagêring agêng (n)dhatêngi | kawula kathah kang pêjah | bênduning sri narapati | maring rêkyana patih | dèn lungsur darajadipun | Ki Samboja sru merang | kesah maring Majapait | anyuwita Sang Aprabu§ Sêratanipun aksara Jawi / sanga prabu /, lêrêsipun miturut Paramasastra kêdah kasêrat / sang aprabu /. Kadjawi punika têmbung / sanga / atêgês wilangan. Têmbung sabangsanipun ing ngriki kasêrat Latin: / sang aprabu / . / sang abagus lss. Brawijaya ||

12. Kaanggêp tur kinasiyankinasihan (dan di tempat lain). | tinandur anèng ining. Giri | nahan tan antara lama | Ki Samboja angêmasi | pinêtak Giri ugi | sadaya tilaranipun | lastantun ingkang garwa | kacêluk Nyi Randha Sugih | angluwihi samoaning wong dêdagang ||

--- 1 : 3 ---

13. Mangsuli ing Balambangan | rajaputri kang (ng)garbini | wus ambabar mijil priya | warnanya kalangkung pêkik | karsanira sang aji | linabuh mring samodra gung | winadhahan gêndhaga | sawuse anèng jaladri | gya ingalap juragan kang lagya layar ||

14. Binuka ingkang gêndhaga | isi jabang bayi pêkik | ingaturkên mring nyi randha | langkung trusthanirèng galih | dhasar datan sisiwi | mila sihira kalangkung | lir putra (ng)gènnya yoga | sinung aran Santrigiri | sawusira yuswa kalih wêlas warsa ||

15. Nyai randha lon ngandika | dhuh kulup sira wus wanci | pisah lawan raganingwang | aywa kulinèng gêgramin | bêcik ngupaya ngèlmi | sarengat Jêng Nabi Rasul | kene ana pandhita | parab Sunan Ngampèlgadhing | Surapringga prayoga kawulanana ||

16. Sawulange Sangsang. Pandhita | pituhunên lair batin | poma kaki ywa pepeka | cinêkak cariyosnèki | Santrigiri wus manjing | nyakabat mring jêng sinuhun | siyang dalu tan pisah | lan putra ing Ngampèlgadhing | kang sinung ran ingkang rama Santribonang ||

17. Tulus dènnira kakadang | tan ana salayèngsulayèng. kapti | pangaose wus widagda | sampurna sakèhing ngèlmi | karsanya rarywa kalih | ayun kesah angêlangut | ngaos mring nagri Mêkah | mancal saking Ngampèlgadhing | nitih palwa labuh jangkar nèng Malaka ||

18. Kapanggih Sèh Walilanang | datan samar ing saliring | kandhêg nèng nagri Malaka | maguru Sèh Wali sidik | sawusing (n)tuk sawarsi | sêdyanira rajasunu | dumugèkakên karsa | lajêng mring Mêkah nagari | Walilanang sakalangkung datan rêmbag ||

19. Kinon wangsul ing ngajawa | maring wukir Ngampèlgadhing | sarta pinaringan jungkat | kalawan jubah kulambi | nahan ta Santrigiri | sampun sinungan jujuluk | nênggih Prabu Sètmata | Santribonang sinung nami | Prabu Nyakrakusuma Susunan Bonang ||

20. Nulya bidhal angajawa | wangsul maring Ngampèlgadhing | pinanggih sang maha tapa | wus katur sasolahnèki | sang rêsi ngandika ris | kawruhanta iku kulup | Sèh Walilanang Mlaka | mitrèngsun saeka kapti | ing pangawruh lair batin tan sulaya ||

--- 1 : 4 ---

21. Lah jêbèng sira muliya | maring ing ngasramèng Giri | kawruhanamu renanta | ing samêngko nandhang sakit | tumêkèng ngajalnèki | mung nganti têkamu kulup | renanta yèn palastra | kuburên anèng ing Giri | tunggalêna kalawan sudarmanira ||

22. Lawan sunidèni sira | jumênêng Susunan Giri | jujuluk Prabu Sètmata | têmbe ing sapungkur mami | sira ingkang (m)bawani | jumênêng wali linuhung | sinuhun sak-rat Jawa | kabèh padha wêdi asih | kalêngkèngrat sinêbut raja pandhita ||

23. Nanging ywa kaliru tampa | dudu ratu mangku nagri | sira wus tan kakilapan | obah osik donya ngakir | wus cukup wêkasmami | Sunan Giri nêmbah nuhun | anulya ngraup pada | lèngsèr saking Ngampèlgadhing | tanpa kanthi gancanging cariyos prapta ||

2. Kinanthi

1. Ing Giri apan wus tundhuk | kang ibu grahe ngranuhi | rinubung sakèh juragan | rawuhe Jêng Sunan Giri | karamating waliyolah | kang ibu dipunpêraki ||

2. Kagyat wungu nulya ngrangkul | kinuswa-kuswa kang siwi | waspa adrês marawayan | sasambatnya mêlas-asih | dhuh lae atmajaningwang | kang dadya têlênging ati ||

3. Kurang sathithik katrucut | kulup tan mênangi mami | nyawa dene têka lawas | (ng)gonira pruhita ngaji | lae-lae ora nyana | yèn bisa katêmu maning ||

4. Mangkya guwayamu mancur | wênês mancorong nêlahi | baya olèh kanugrahan | jêng sunan turira aris | ibu pangèstu paduka | wus katur sasolahnèki ||

5. Kang ibu suka kalangkung | kulup sampurnakna mami | umanjing agama Islam | nulya sinadatkên aglis | kalimah loro winêjang | kang ibu padhang nampani ||

--- 1 : 5 ---

6. Kulup wus padhang tyasingsun | datan sumêlang ing ati | sira kariya raharja | têtêpa (ng)gonmu mêngkoni | batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun | sakèhe dunyarta mami | sidhêkahna kang warata | pêkir miskin anak yatinyatim. | lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun | Ni Samboja nulya lalis | sawusira binêrsiyan | layon kinubur tinunggil | lan raka Kyai Samboja | ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun | ing gusti Jêng Sunan Giri | samya kapanjingan iman | nglampahi sarengat Nabi | ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung | tan ana kang laku juti | samya cêkap nyandhang mangan | adoh ingkang dadya miskin | têntrêm ciptane raharja | wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk | kalajêng wisma ing Giri | raja pandhita Sètmata | jujuluk Susunan Giri | Gajah Kadhaton minulya | kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu | ing Suhunan Ngampèlgadhing | dhinaupkên lan putrinya | Nyai Agêng Ratu nami | atut dènnya palakrama | lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu | Nyi Agêng angrumiyini | kondur maring rahmatolah | layon sumare anunggil | marasêpuh èstri priya | garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus | Brawijaya Narapati | mirêng pawartos sanyata | ing mangkya Susunan Giri | linulutan sakèh janma | nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh | Gajahmada kyana patih | kinèn lumampah priyangga | mukul prang Giri Garêsik | tan cinatur lampahira | wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus | kang katrajang samya ngili | minggah kadhaton Prawata | Jêng Sunan Giri marêngi | anyêrat manêdhak Kur'an | kagyat mirêng suwaraning ||

--- 1 : 6 ---

17. Tiyang alok mungsuh rawuh | sumêdya ngrisak ing Giri | kalam ingkang kagêm nyêrat | anulya binucal aglis | andodonga ing Pangeran | sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung | cumlorot ngamuk pribadi | pra wadya ing Majalêngka | kathah ingkang angêmasi | sakantune kang palastra | pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu | sawusira mêngsah gusis | dhuwung wus wangsul pribadya | sumèlèh ing ngarsanèki | panyêratan sang pandhita | sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkungamanêkung (dan di tempat lain). | miyat dhuwung kuthah gêtih | dahat panalangsanira | dyan dodonga mring Hyang Widdhi | mugi Allah ngapuntêna | solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum | marang ing wadyanirèki | kabèh padha piyarsakna | myang anêksènana sami | katgèki sun wèhi aran | si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk | wus samya kalilan mulih | mring wismane sowang-sowang | lêstantun asramèng Giri | jumênêngnya Jêng Susunan | Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung | saya wêwah wadyanèki | tan ana kang kasangsaya | nahan wus antara lami | Sunan Giri nandhang gêrah | kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu | gumêr tangis ing jro puri | wandu wandawa sungkawa | layon sawusing barêsih | sinarèkkên nora têbah | sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu | sadasa kakung lan putri | kang kalih sang kingsangking. ampeyan | Pangran Pasirbata nênggih | kalawan Siti Rohbayat | wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu | putra sêpuh sinung nami | Ratu Gêdhe ing Kukusan | nulya Sunan Dalêm nênggih | katrinira apanêngran | Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur | panca Sunan Kidul nênggih | Ratu Gêdhe Saworasa | Sunan Kulon kang sumêndhi | Sunan Waruju ragilnya | wau ta ingkang winardi ||

--- 1 : 7 ---

28. Sasampunira pangubur | kumpul para wadya Giri | angrêmbag ingkang gumantya | mandhirèng Susunan Giri | pra wadya wus golong rêmbag | Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk | Sunan Giri kaping kalih | Susunan Giri Kadhatyan | garwa kakalih padêmi | tan mashur ing panjênêngan | Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu | ugi sumare ing Giri | atilar putra sadasa | (m)bajêng Sunan Sedamargi | panênggaknya apêparab | Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun | Nyi Gêng Ngulakan kang sukci | Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad | Pangran Bongkok nulya Nyai | Agêng Waru arinira | Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut | paripurna kang wus swargi | rêmbag kang yoga gumantya | kêmpal sakèhe kang dasih | Sunan Parapèn ingangkat | linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun | jujuluk maksih lêstari | Sunan Giri Prapèn dibya | suyut kang wadya gung alit | kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu | sampun amiyarsa warti | lamun Sunan Giri Prabu | Sètmata wus angêmasi | mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung | lalajone kadya nguni | sang wiku tan arsa nungkul | marang nagri Majapait | dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung | miwah kinanthèn pra siwi | angirid wadyabala gung | kinèn ngrabasèng ing Giri | wus samapta nulya bodhol ||

--- 1 : 8 ---

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur | mring sang prabu Majapait | wus budhal carakèng prabu | kya patih myang rajasiwi | balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh | karsanira nanggulangi | mring carakèng Majalangu | tan dangu mêngsah kaèksi | nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun | kathah ingkang nandhang kanin | tanapi tumêkèng lampus | Sunan Prapèn angoncati | sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut | binasmènan kitha Giri | sadaya wus dadya awu | rajabrana dènjarahi | rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku | Sunan Giri kang wus swargi | ingkang rumêksa ing kubur | tyang kakalih samya dhêngkling | rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk | gya tumandang sagung dasih | halate sang maha wiku | cihnaning wali linuwih | singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus | kang kantun kalangkung giris | bramantya sang rajasunu | tumandang pribadi ajrih | merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu | kinèn andhudhuk dèn aglis | binilaèn yèn tan purun | pasthi tumêkèng ing lalis | kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk | dupi prapta blabak jati | tutuping tabêlanipun | binuka saking sakêdhik | nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun | mabur ngèbêki wiyati | maniyub lir langit rubuh | nêmpuh wadya Majapait | dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk | bingung wadya Majapait | ting bilulung rêbut dhucung | dènnira angungsi urip | sèlèh gagamaning pupoh ||

--- 1 : 9 ---

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub | sirah rapêt ngroyok sikil | ngaruara sambat bingung | prapta nagri Majapait | kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup | tan kawawa nanggulangi | dadya tilar prajanipun | sawadya balanirèki | gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung | wangsul mring nagrinya malih | siji tan ana kang kantun | sang aprabu Majapait | sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu | datan nêdya malih-malih | nyikara dhatêng sang wiku | ngamungêna ingkang uwis | ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur | kanugrahan mantun dhêngkling | gagancangan lampahipun | anusul Jêng Sunan Giri | ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut | tyang kalih marêk tur uning | ing mangkya mêngsah wus larut | jalaran tinêmpuh dening | kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus | tilar gagamaning jurit | samya ngungsi gêsang (n)jrunthul | tan ana ingkang tinolih | swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun | dalah waluyaning dhêngkling | sang wiku kalangkung sukur | (n)dêdonga marang Hyang Widdhi | rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun | wus paripurna ing nguni | eca tyase para wadu | satêngah ana kang kibir | sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun | lamun kraton Majapait | wus andungkap sirnanipun | jalarane sangking siwi | dyan Patah mijil karaos ||

--- 1 : 10 ---

4. Mijil

1. Santun sarengatira jêng Nabi | Muhkammad kinaot | mila Kangjêng Sunan Giri Prapèn | lajêng têdhak mring Dêmak nagari | kumpul lan pra wali | mukmin miwah jamhur ||

2. Wusing bêdhah nagri Majapait | mekrad sang akatong | jro kadhaton tan ana isine | Sunan Giri nyêlani dadya ji | mung pat puluh ari | nênggih laminipun ||

3. Anyarati supadi icaling | labêting karaton | ratu Budha gya jumênêng rajèng | wusing antuk kawan dasa ari | Jêng Susunan Giri | masrahkên kaprabun ||

4. Maring Radyan Patah anampèni | wus jumênêng katong | anèng nagri Dêmak angrèhake | ing rat Jawi Jêng Susunan Giri | sarampunging kardi | wus linilan kundur ||

5. Sawusira risak Dêmak nagri | pindhah Pajang kraton | adipati Pajang kang mandhirèng | mantu sultan Bintara mungkasi | ing Dêmak nagari | ngrèh wadya sawêgung ||

6. Kangjêng sultan Pajang kang winarni | wusing madêg katong | karsa nyuwun idi mring Parapèn | Kyai Agêng Mantaram umiring | sagunging bupati | kêbut tan na kantun ||

7. Sultan Pajang sarawuhing Giri | kagyat ing tyas anon | pasanggrahan (m)banjêng anèng ngare | pra bupati kang samya sumiwi | ing Jêng Sunan Giri | pondhoke pinatut ||

8. Sunan Prapèn duk miyos tinangkil | Sultan Pajang gupoh | asumewa sarêng bupatya kèh | lênggah jèjèr ngarsane sang rêsi | ingayap pra dasih | nèng pungkuranipun ||

9. Wusing pêpak kang samya anangkil | sunan ngandika lon | jêbèng Pajang di kaparêng kene | wus alênggah cakêt lan sang rêsi | angandika aris | winor manis arum ||

10. Putraningsun kang padha anangkil | ywa na walangatos | dèn narima marang ing papasthèn | ing samêngko ki Pajang dipati | ingsun wus ngidèni | ing jumênêngipun ||

--- 1 : 11 ---

11. Sultan mêngku ing Pajang nagari | sudibya kinaot | binathara tan ana samine | babundhêle ing satanah Jawi | kalipahing Widdhi | sarta ajujuluk ||

12. Sultan Prabu Awijaya lêwih | karsane Hyang Manon | nêksènana pra sutèngsun kabèh | atur paksi sakèhing bupati | mangayubagyani | dhawuhing sang wiku ||

13. Nulya mundhut dhahar wus umijil | saking jro kêdhaton | tinata ing pandhapa madyane | Sunan Prapèn sultan Pajang tuwin | kang para bupati | wus bujana kêmbul ||

14. Sang pandhita angandika malih | dhuh pra siswaningong | sultan Pajang myang bupati kabèh | ênggonira akêkadang kaki | ywa salayèng budi | di atut arukun ||

15. Raharjèng tyas sukur ing Hyang Widdhi | karsane Hyang Manon | ana kang tinitah dadi gêdhe | ana kang tinitah dadi cilik | papasthèning Widdhi | basane asnapun ||

16. Datan luwih sun têtèdhèng Widdhi | anak putuningong | donya akir salamêta kabèh | kang sinabdan samya saur paksi | tutug dènnya bukti | linorot mring wadu ||

17. Sunan Giri tinarbukèng Widdhi | waspadèng pangawroh | datan samar lalakon ing têmbe | ingkang tansah pinancêr ing liring | Ki Agêng Mantawis | cahyanya umancur ||

18. Angandika Jêng Susunan Giri | mring jêng sultan alon | jêbèng Pajang lah ta sapa kae | baturmu kang mangan angèrèni | sapa aranèki | kangjêng sultan matur ||

19. Rencang amba patinggi Mantawis | nami karan ênggon | angrèh siti sadhomas karyane | sang pandhita angandika malih | dhawuhana kaki | linggih jajar patut ||

20. Lawan para siswèngsun bupati | sandika kang kinon | Kyai Agêng Mantaram wus jèjèr | hèh sanggyaning siswèngsun bupati | wruhanamu kaki | turunne si kulup ||

21. Ki Mantaram besuk wus pinasthi | angrèh sakèhe wong | ing satanah Jawa iki kabèh | nadyan Giri kene têmbe ugi | ngidhèp ing Mantawis | kyagêng lajêng ngujung ||

--- 1 : 12 ---

22. Konjêm siti nênêdha Hyang Widdhi | widadaning dhawoh | saha matur mring Sunan Parapèn | sakalangkung sru nuwun kapundhi | lulusing sabda ji | têtêpe kang wahyu ||

23. Dhuh pukulun patikbra ngaturi | dhuwung wus mirantos | amung dadya pratandha yêktine | sungkêm amba timbalan sang yogi | sunan ngandika ris | sun tarima kulup ||

24. Nanging ingsun paringakên bali | apan kacariyos | samya rêsêp pra dipati kabèh | aningali Ki Agêng Mantawis | raja pandhita di | gya mucung dhadhawuh ||

5. PocungTeks asli: Pucung.

1. Lah ta kulup para bupati sadarum | ingsun iyasakna | talaga kang luwih adi | tur sandika pra wadya nulya tumandang ||

2. Dhudhuk-dhudhuk tan pantara nuli rampung | dados kang talaga | luwih adi toya wêning | gilar-gilar lir pendah kaca brênggala ||

3. Wusing katur sinung ran Talagapatut | jêng sultan kalawan | sagunging para bupati | wus linilan mring prajane sowang-sowang ||

4. Tan cinatur nagri Pajang risakipun | pindhah ing Mantaram | ingkang jumênêng narpati | putranira nênggih Ki Agêng Mantaram ||

5. Risang Sutawijaya jujulukipun | Kangjêng Panêmbahan | Senapati ing Mantawis | lulus wirya gêmah arja prajanira ||

6. Panêmbahan Senapati ing Mantarum | ngyêktèkkên wirayat | dhawuhe Susunan Giri | ing nalika sowannya jêng sultan Pajang ||

7. Panêmbahan Senapati nulya ngutus | abdi kinèn sowan | maring Giri kanthi tulis | praptèng Giri sang wiku lagya sineba ||

--- 1 : 13 ---

8. Sêrat katur tamating pamaosipun | mèsêm angandika | hèh caraka ing Mantawis | pakênira matura Ki Senapatya ||

9. Lamun ayun nyatakkên wirayatingsun | gustimu turana | nglurug mring bang-wetan nuli | wus pinasthi karsane Allah Tangala ||

10. Lamun ratu Mantaram ing têmbenipun | ngrata tanah Jawa | sanadyan ing Giri iki | uga têluk marang ing nagri Mantaram ||

11. Lokilmakpul tan kêna owah sarambut | jamane walikan | kawula dumadya gusti | ingkang gusti sayêkti dadi kawula ||

12. Pratandhane wus katon Pajang Mantarum | iku dadya cihna | utusan wus nyuwun pamit | mantuk marang Mantaram agêgancangan ||

13. Wus sumiwi ing ngabyantara sang prabu | wus katur sadaya | wêlinge Jêng Sunan Giri | tan pantara lami sri nata Mantaram ||

14. Bidhal nglurug mring bang-wetan kang jinujug | ing nagari Japan | sagunging para bupati | ing bang-wetan wus kumpul anèng ing Japan ||

15. Kacariyos ing Giri sang maha wiku | wus miyarsa warta | lamun sang prabu Mantawis | ngêpung Japan para bupati bang-wetan ||

16. Pacak baris tutulung paguting pupuh | Jêng Sunan ing Arga | utusan akanthi tulis | tyang sadasa gêgancangan marang Japan ||

17. Praptanipun ing Japan nulya kinumpul | wong agung Mantaram | myang bang-wetan pra bupati | wusing pêpak duta Giri aturira ||

18. Dhuh wong agung Mantaram saha wong agung | bang-wetan sadaya | lampah kawula tinuding | ing Jêng Sunan Giri akanthi nawala ||

19. Ulun waos pribadi mrih têrangipun | sami kapyarsakna | suraose kanang tulis | dutèng Giri manêngah maos nawala ||

20. Layangingsun Jêng Sunan Giri dhumawuh | marang putraningwang | Senapati ing Mantawis | lan mring putraningsun Pangran Surabaya ||

--- 1 : 14 ---

21. Liring layang (ng)gonira ayun prang pupuh | rêbut panjênêngan | ingsun pan ora nglilani | krana bakal kèh pêpati tan prayoga ||

22. Têmbe lamun ana karsane Hyang Agung | pamiyaking Sukma | andhap luhur wus pinasthi | pan tinêmu ing samêngko durung mangsa ||

23. Balik padha nganggoa budi rahayu | lêstari kêkadang | sun asung babasan kaki | wadhah lawan isi êndi piniliya ||

24. Sun idèni salah siji pamilihmu | isi apa wadhah | sawusira samya milih | prajanjiya sêtya susêtyaning driya ||

25. Dèn asukur takdiring Hyang Kang Maha Gung | singa piniliya | iku wus tan kêna gingsir | pan tinêmu ing wuri kaananira ||

6. Pangkur

1. Yèn uwis pamilihira | umantuka marang nagrinirèki | ingsun sung raharjèng laku | marang ing sira padha | wus atiti kang sêrat nulya tinutubtinutup. | Senapati angandika | lah yayi ing Surawèsthi ||

2. Kadiparan karsanira | andikane panêmbahan ing Giri | mung yayi kalawan ingsun | kang tumraping nawala | kinèn milih wadhah lawan isinipun | pundi ta ingkang kinarsan | yayi miliya kariyin ||

3. Ulun narima tampikan | duk miyarsa Pangeran Surawèsthi | ing tyas samana pakewuh | wusana angandika | kakang Senapati Ngalaga Mantarum | kêncênge manah kawula | ulun milih kanang isi ||

4. Kakang kabageyan wadhah | Senapati Ngalaga ngandika ris | yayi kula wadhahipun | inggih sampun narimah | dutèng Giri atas pamiyarsanipun | gya pamit mring panêmbahan | miwah mring para dipati ||

--- 1 : 15 ---

5. Panêmbahan Senapatya | sampun kundur maring nagri Mantawis | wong agung bang-wetan sampun | umantuk sowang-sowang | tan cinatur dutèng Giri lampahipun | praptèng ngarsa atur sêmbah | matur solahnya tinuding ||

6. Dhuh gusti kawuningana | putra tuwan Pangeran Surabanggi | kinèn amilih rumuhun | mring Kangjêng Senapatya | Surawèsthi kang pinilih isinipun | wadhahipun Panêmbahan | narimah atampi isi ||

7. Mèsêm Jêng Sunan ing Arga | wruhanira kodrat tan kêna gingsir | basa wadhah nêgri iku | isine apan janma | têmbe nagri bang-wetan karèh Mantarum | isi yèn tan manut marang | ingkang adarbe nagari ||

8. Sayêkti tan kêna ngambah | yèn ambadal sayêkti têkèng pati | dadi kudu amiturut | marang kang duwe wadhah | ênêngêna ing Giri gantya winuwus | nênggih praja-di Mantaram | Panêmbahan Senapati ||

9. Dènnira jumênêng nata | laminira pan namung tigang warsi | lajêng puput yuswanipun | ginantyan ingkang putra | Pangran Adipati Anom ing Mantarum | jujuluk Jêng Susuhunan | Diningrat Anyakrawati ||

10. Amung kalih wêlas warsa | laminira jumênêng narapati | jêng susunan nulya surut | ginantyan narpatmaja | Pangran Adipati Anom ing Mantarum | jujuluk Kangjêng Susunan | Sultan Agung ing Mantawis ||

11. Prabu Anyakrakusuma | duk punika Pangeran Surawèsthi | anyêdhahi pra tumênggung | mancanagri bang-wetan | wusing pêpak nèng Surabaya sadarum | ngrêmbag arsa magut ing prang | ngrabasèng nagri Mantawis ||

12. Sabiyantu abipraya | pra bupati tan ana nyulayani | enjing gya budhal gumuruh | sagunging balakuswa | kampir ngujung astana Giri Kêdhatun | undure sangking astana | sowan ing Jêng Sunan Giri ||

--- 1 : 16 ---

13. Wus sêpuh Jêng Sunan Arga | praptèng ngarsa jêng sunan ngandika ris | dhuh babo atmajaningsun | paran kang dadya karsa | dene padha tumêka ing ngarsaningsun | apa na karya kang gatya | Jêng Pangeran Surawèsthi ||

14. Myang Dipati Singasêkar | matur nêmbah mring Kangjêng Sunan Giri | apuntên dalêm sang wiku | amba myang para kadang | wus sarêmbag arsa ngrabasèng Mantarum | nyuwun idi sang pandhita | miwah pangestu basuki ||

15. Jêng sunan aris ngandika | ing samêngko pan durung mangsa kaki | para bupati umatur | kang amrih lêgawèng tyas | ngidènana sang wiku paring pangestu | jêng sunan aris ngandika | mokal bêdhaha Mêntawis ||

16. Ing samêngko wong bang-wetan | malah padha ngungsia kang prayogi | tan wurung binoyong besuk | marang nagri Mantaram | Pangran Surawèsthi tan kêndhak tyasipun | myang sagunging pra dipatya | wusing ngujung ing sang rêsi ||

17. Ngandika sang wiku raja | yèn mangkono padha karsanirèki | dèn angati-ati kulup | ingsun pasrah Hyang Suksma | lêgi pait ing têmbe pasthi katêmu | sanggyaning para dipatya | wusing ngujung sang arêsi ||

18. Bidhal saha wadyakuswa | tan cinatur solahirèng ngajurit | wasananira kaplayu | ungguling Ngèksiganda | wong agunge Mantaram tan ana sêgu | para bupati bang-wetan | palarasan undurnèki ||

19. Ana kang tumêkèng pêjah | ana kanin ana kang nungkul aris | ing Mantaram saya mashur | kadibyane sang nata | kasêktène para punggawa nung-anung | winongwong karatonira | kinasiyan ing Hyang Widdhi ||

20. Gêmah ripah tur raharja | tata têntrêm sagunge wadya alit | lumintu ganjaran prabu | sagunge pra dipatya | tyas raharja datan ana kang sakuthu | ajrih asih mring narendra | samya tuhu lair batin ||

--- 1 : 17 ---

21. Nahan raharjaning praja | yèn ginunggung sawêngi datan uwis | ing mangkya pinurwèng kidung | Narendra ing Mantaram | Sultan Agung Sri Anyakrakusumèku | lagya miyos siniwaka | pêpak ingkang samya nangkil ||

22. Wadyabala myang santana | Panêmbahan Purbaya munggèng ngarsi | tan pêgat tinantun-tantun | jêng sultan ris ngandika | inggih uwa Purbaya pawartosipun | Pangeran ing Surabaya | ing mangke pan sampun lalis ||

23. Kang kantun mung anakira | Ki Mas Pêkik pambajênge kang siwi | uwa punika karsèngsun | timbali mring Mantaram | ingsun arsa uninga ing warninipun | panêmbahan aturira | punika langkung utami ||

24. Ulun umiring sakarsa | sri narendra pangandikanya aris | Alap-alap ingsun utus | marang ing Surabaya | timbalana Pangran Pêkik Surèngkewuh | têlas ingkang pangandika | jêngkar anggambuh tinangkil ||

7. Gambuh

1. Wus lêpas lampahipun | Alap-alap praptèng Surèngkewuh | laju maring Ngrarêmpah dhukuhirèki | Pangran Pêkik gupuh-gupuh | amêthuk carakèng katong ||

2. Wus ingancaran lungguh | Pangran Pêkik awacana arum | paman ulun atur pambagya basuki | Alap-alap matur nuwun | (n)dhawuhkên timbalan katong ||

3. Jêng pangran sowan ulun | pan ingutus rakanta sang prabu | Gusti Kangjêng Sultan Agung ing Mantawis | maringakên kang pangèstu | mring andika sakaloron ||

4. Jêng pangran matur nuwun | sasampuning maringkên pangèstu | dhawuh nata paduka dipun timbali | sagarwa putra myang wadu | ulun ingkang kinèn (m)boyong ||

--- 1 : 18 ---

5. Jêng pangran aturipun | adhuh paman kamayangan tuhu | de jêng sultan karsa nyaruwe wong pêkir | ina papa anèng dhukuh | datan supêna sajingklong ||

6. Tan suwala ragèngsun | kadyangganing sarah anèng laut | ing sakarsa jêng sultan ulun umiring | tan nêdya sawalèng kayun | lumuntur dhawuhing katong ||

7. Ki tumênggung duk ngrungu | ing ature manis amlas ayun | angrêsing tyas gya umatur ing sang Pêkik | bilih marêngkên sang bagus | benjing-enjing lajêng bodhol ||

8. Jêng pangran wacana rum | sakalangkung prayogi man mênggung | ulun lajêng tata-tata sapuniki | paman sakanca sadarum | prayogi rèrèh nèng pondhok ||

9. Jêng pangran gya dhadhawuh | marang garwa sakulawargèku | kinèn samya pradandosan sadayèki | yun sumiwèng mring Mantarum | ribut samya dandos-dandos ||

10. Ki Alap-alap gupuh | nuding wadu nimbali tumênggung | Surabaya Ki Sapanjang kang wawangi | tan dangu anulya rawuh | Ki Sapanjang dhawuh katong ||

11. Jêng pangran sowanipun | mring Mantaram bidhal sesuk-esuk | jêngandika sawadya kinèn umiring | sarta rumêksa ing pungkur | kacêkape kula borong ||

12. Ki Sapanjang agupuh | paparentah mring sakèhe wadu | abusêkan sakèh wadya Surawèsthi | wus mirantos sadayèku | enjinge anulya bodhol ||

13. Lon-lonan lampahipun | ing lamine lampah tan winuwus | praptèng dhusun Butuh arèrèh saratri | kangjêng pangran dalu ngujung | marang ing astana Butoh ||

14. (n)Dêdagan amanêngkung | palaling Hyang wanci lingsir dalu | Pangran Pêkik miyarsa swara dumêling | ujaring swara sung tuduh | lah Ki Pêkik karsèng Manon ||

15. Wruhanta sira besuk | darbe putu jalu tur binagus | amandhirèng nata gung ing tanah Jawi | ngrèh wadya bacingah agung | nanging angalih kadhaton ||

--- 1 : 19 ---

16. Mring tanah Pajang iku | sakulone kutha prênahipun | aran dhukuh Wanakarta têmbe dadi | praja Kartasura mashur | dene jujuluking katong ||

17. Jêng Susuhunan Mangku | -rat Senapati ing Ngalagèku | Ngabdurahman Sayidin Panatgami |Kurang satu suku kata: Ngabdurahman Sayidin Panatagami. cêpping swara kagyat wungu | ing wanci awaling Suboh ||

18. Miyose wus pinangguh | lawan juru kunci têngga pintu | Pangran Pêkik wawartos mring jurukunci | dènyantuk wangsit ing dalu | ki jurukunci anjomblong ||

19. Sinêmbah§ Prayoginipun / anyêmbah /. saha matur | sakalangkung bingahe tyas ulun | sukur sukur alhamdulillahi rabil | Hyang Surya wus mungub-mungub | jêng pangeran lajêng bodhol ||

20. Datan kawarnèng ngênu | wus angancik ing kitha Mantarum | ki tumênggung Alap-alap ngrumiyini | atur uninga sang prabu | sigêg gantya winiraos ||

21. Sang prabu ing Mantarum | ri tinangkil munggèng siti luhur | Panêmbahan Purubaya wus sumiwi | myang wadya bala supênuh | munggèng ngabyantara katong ||

22. Datan antara dangu | ki tumênggung Lap-alap mangayun | nêmbah matur ulun kinèn animbali | Pangran Pêkik Surèngkewuh | mangkya wus sumiwèng katong ||

23. Sagarwa putranipun | Ki Sapanjang sawadya tut pungkur | suka ing tyas sang prabu ngandika aris | lah uwa Purubayèku | kadipundi kang linakon ||

24. Mangke sadhatêngipun | dhimas Pêkik napa bêkti ingsun | utawine piyambake ingkang bêkti | Purubaya nêmbah matur | kinanthèt lawan suraos ||

--- 1 : 20 ---

8. Kinanthi

1. Sangking ing pamanah ulun | pangeran ing Surawèsthi | ingkang layak ngabêktiyangabêktia. | ing pada dalêm sang aji | kawon luhur kang darajat | panjênêngan dalêm aji ||

2. Mandhirèng prajèng Mantarum | ing rat Jawi mung satunggil | kalihdene tinimbalan | datan sawala ing kapti | sampun kalampahan sowan | ing ngabyantara narpati ||

3. Asrah jiwa raganipun | kangjêng sultan duk miyarsi | aturipun ingkang uwa | kalangkung trustha ing galih | nahan Pangran Surabaya | sagarwa sampun sumiwi ||

4. Pepe kidul wringin-kurung | sasolahe amlasasih | duk uninga sri narendra | dhawuh kinèn animbali | anggandhèk tundhuk pangeran | ingiritingirid (dan di tempat lain). minggah sitinggil ||

5. Andhadhap amundhuk-mundhuk | cingak kang samya ningali | miyat warnanya pangeran | mirit§ Prayoginipun / mirib / = mèmpêr. kangjêng sri bupati | kantun sênêne kang cahya | kantun sêmu kantun sigit ||

6. (n)Dungkap praptèng ngarsa prabu | cakêt dènnira sumiwi | tumungkul konjêm pratala | ri wusira mangênjali | wangkingan sinèlèh kanan | gya mangraub pada aji ||

7. Saha matur arawat luh | pêgat-pêgat winor tis-tis | dhuh gusti kalêngkaning rat | musthikaning tanah Jawi | patut pinundhi sinêmbah | jumênêng kalipah Widdhi ||

8. Ambêg pinandhita tuhu | santa budi mirah asih | mardikèng rat tyas kumala | ngecani manahing dasih | mrih arja ayu tan pêgat | kasudarman winor manis ||

9. Santana wadya lit agung | tan ana kataman bêngis | winor ing sakarsanira | kinajrihan lair batin | pra wadya ing Ngèksiganda | winêngku paramarta ji ||

--- 1 : 21 ---

10. Kasujanan ambêg sadu | linangkung kasusrèng bumi | sumbagèng rat pinasthika | waskitha ngrèh ing patitis | kongas ing ganda angambar | kinasihan ing Hyang Widdhi ||

11. Sudibya prawirèng kewuh | kinajrihan kanan-kering | ngagêm agama minulya | sasat jêngandika Nabi | Muhakammadin angajawa |Lebih satu suku kata: Muhkammadin angajawa. ngrênggani nagri Mantawis ||

12. Dhuh jêng gusti sang aprabu | sowanipun ingkang abdi | angaturkên pêjah gêsang | awit rumaos gêng sisip | katungkul ing kawiryawan | labêt mudha punggung yêkti ||

13. Dama kalimput tan emut | ing kanugrahaning narpati |Lebih satu suku kata: kanugrahaning narpati. tumêrah jiwangga mulya | kaecan nadhah myang guling | saanak rayat myang warga | tan lyan barkahing narpati ||

14. Lumintu salaminipun | tangèh manawi kang abdi | sagêd ngaturi minangka | bêbêkti ingkang martasih | o gusti satuhu mudha | cêplik tangèh wruh ing bêcik ||

15. Manawi kangjêng pukulun | tan paring aksamèng dasih | yêkti têmah anggung papa | druwaka salaminèki | ing mangke amba sumangga | sakarsa jêng sri bupati ||

16. Mangkana kangjêng sinuhun | ngandika sajroning galih | wong iki bagus prasaja | ing wicara tatas titis | têtêg tyas sura lêgawa | pantês tan sinungan lamis ||

17. Têka rêsêp atiningsun | dadya condhonging tyasmami | pantês rewanga wibawa | (n)darahkên sri tanah Jawi | madhahi kanang nurbuwat | wasana ngandika aris ||

18. Wis lungguha ariningsun | iya apa kang pinikir | dhuh yayimas Surabaya | marma sira sun timbali | sumiwi ing ngarsaningwang | wus pasthi karsaning Widdhi ||

19. Sosotyadi apan kudu | tumrap ingêmbanan rukmi | upama ingsun pancuran | sira talaga nadhahi | yayi kang minangka wadhah | ingsun kang minangka isi ||

20. Pasêmon kang ingsun wuwus | têgêse uwus ginaris | yèn sira bakal tan pisah | mèlu nurunake benjing | para ratu tanah Jawa | yayi ingkang urun èstri ||

--- 1 : 22 ---

21. Manira kang urun kakung | ing samêngko karsa mami | sira wisma na Mantaram | ana sawetaning puri | sisihan lan kadipatyan | mungguh nagri Surawèsthi ||

22. Ingsun paringake wangsul | marang pakênira yayi | wênang anguwasanana | kadi ingkang uwis-uwis | si Sapanjang mung rumêksa | tata têntrêming nagari ||

23. Sira ana ing Mantarum | aywa taha-taha yayi | ing panganggêp dipun padha | ya Mantaram Surawèsthi | Pangran Pêkik lêjar ing tyas | trusaningtrusthaning. supenanèki ||

24. Gya sujud nêmbah umatur | dhuh pukulun sang dewaji | pun patik atur sandika | mundhi timbalan narpati | kadya kabanjiran kelang | kagunturan madu gêndhis ||

9. Dhandhanggula

1. Nulya jêngkar kangjêng sri bupati | abibaran kang samya sumewa | pangran sagarwa-putrane | santana wadyanipun | wus pinarnah pakuwonèki | karan ing Surabayan | jêng pangran lastantun | mukti wibawèng Mantaram | datan ana sinangsaya ing panggalih | wus lami antaranya ||

2. Sang aprabu lêstantun gunging sih | Pangran Pêkik nulya tinariman | rayi dalêm sang pamase | tunggil sayayah ibu | Ratu Pandhansari wawangi | agêng ingkang bawahan | nahan ta cinatur | dènnira apalakrama | atut runtut sih-siniyan siyang ratri | lir mimi lan mintuna ||

3. Wusing antuk kawan dasa ari | Kangjêng Sultan Agung Ngèksiganda | lênggah anèng dalêm gêdhe | ngandika sang aprabu | hèh ta lara mênyanga aglis | marang ing Surabayan | kêtêmu riningsumriningsun. | kalamun sambadèng karsa | rabinira dhiajêng ingsun timbali | warahên ingsun gêrah ||

--- 1 : 23 ---

4. Nulya mentar utusan narpati | sampun praptèng ing Kasurabayan | jêng pangeran sagarwane | mijil sing dalêm gupuh | samya lênggah paningrat jawi | parêkan matur nêmbah | amba pan ingutus | raka dalêm sri narendra | ingkang garwa kangjêng ratu dèntimbali | sarênga lampahamba ||

5. Kangjêng sunan lagya gêrah mangkin | ingkang wêling raka dalêm nata | manawa awèh lakine | malêbu ing kêdhatun | atinjoa ing gêrah mami | yèn lakine tan suka | poma ywa lumaku | adipati Surapringga | têbah-jaja sumangga ing asta kalih | tan kenging lêngganaa ||

6. Dhuh jiwaku umarêka aglis | sampun kerit praptèng ngarsa sultan | manêmbah ngraub padane | Ratu Pandhan umatur | kakang prabu dene wigati | nimbali aripara | kalangkung kumêpyur | manahulun tarataban | sru gumêtêr ênar-ênir sênik-sênik | kangmas gêrah punapa ||

7. Kangjêng sultan angandika aris | dhuh riningsun luwih sangking lara | ana ing ati ênggone | sakèh usada wangsul | yèn sun rasa saya ngranuhi | dene ana pandhita | ing Giri dumunung | durung gêlêm nungkul mringwang | iya iku kang dadi laraning ati | tambane durung ana ||

8. Liya Giri wong satanah jawiJawi. | nora ana barênjul mêrêngkang | padha ngidhêp mring sun kabèh | amung ing Giri iku | ingkang durung ingsun putusi | amukul kalawan prang | wit wêcaning dangu | kang bisa ambengkas karya | mung lakimu jalarane mênang asli | luhur trah Ngampèldênta ||

9. Lah wis yayi dak lilani mulih | dèn abisa matrapakên karya | marang lakinira mangke | sêlak dènayun-ayun | Ratu Pandhan mèsêm turnya ris | dhawuh dalêm kakangmas | sandika tur ulun | nulya lèngsèr sangking ngarsa | dhinèrèkkên sagunging parêkan cèthi | lampahnya wirandhungan ||

10. Pangran Pêkik nganti nèng pandhapi | sarawuhe sang ratu pinapak | binêkta mring dalêm age | jêng ratu ngraub suku | sang pangêran (ng)garjitèng galih | lah yayi ana paran | têka rada suntrut | paran gêrahing sang nata | Ratu Pandhan tumungkul

--- 1 : 24 ---

minggu tan angling | jêng pangran anggarjita ||

11. Baya nora gêrah sri bupati | bokmanawa ana panggaliyanpanggalihan. | dadya sêkêle pamase | jêng ratu gya sinambut | binêkta mring ing jinêm wangi | langêning karasikan | apan tan winuwus | ing sawungunira nendra | Ratu Pandhan matur ing raka bibisik | kang dadya karsa nata ||

12. Amêdharkên dhawuhe sang aji | Pangran Pêkik madêg suraning tyas | ngêlus-êlus gumbalane | alon ngandikanipun | lamun ingsun wêruha dhingin | karsane kangjêng sultan | mundhut rusakipun | ing Giri sunanne seba | baya uwus dak cangking ing nguni-uni | sebaku mring Mantaram ||

13. Pan ing Giri wus nèng asta mami | yayi ingsun ingkang maluyakna | rakanta nahan rêntênge | sèwu wirang satuhu | yèn tan bisa ngrabasèng Giri | isin anon baskara | nèng donya tan arus | apa kang dak walêsêna | ing sih nata kajaba murdaku yayi | kunjuk dadya timbangan ||

14. Payo yayi sowan marang puri | nyuwun pamit ing rakanta sultan | mangkat ing sadina kiye | sarimbit nulya laju | sowan maring sajroning puri | sang nata duk tumingal | pangran sowanipun | sarimbit lawan kang garwa | gya ingawe lênggah cakêt lan sang aji | makidhupuh jêng pangran ||

15. Kangjêng sultan angandika aris | yayi Surabaya kadiparan | kang dadya karêpmu mangke | ing Giri durung nungkul | nora sarju nêmbah mring mami | ingsun borong adhimas | ing prakara iku | Pangran Pêkik matur nêmbah | dhuh pukulun amba sandika nglampahi | amundhi dhawuh nata ||

16. Nadyan minta sraya Sunan Giri | andhatêngkên para raja sasra | kêbut sawadya balane | tan ajrih manahulun | datan nêdya ngucirèng jurit | kalamun tan kalakyan | Giri bêdhaipunbêdhahipun. | suka matiya palagan | nuwun gusti ingkang abdi nuwun pamit | bidhal ing sapunika ||

--- 1 : 25 ---

17. Botên langkung ingkang amba pundhi | pangèstu sang nata binathara | kalampahana karsane | namung rayinta prabu | amba tilar anèng Mantawis | rèh ayun mangun aprang | ing tyas langkung gidhuh | keron-keron ing satêmah | têmpuh ing prang èngêt rayi dalêm gusti | milalu wande aprang ||

18. Sri narendra mèsêm ngandika ris | karsaningsun yayi garwanira | para gawaa ing mangke | apan ta sêdyaningsun | rabinira sadulur mami | pêjah gêsang hyaywa (dan di tempat lain). pisah | lawan lakinipun | wus wiyahe wong andon prang | rêbut pati manawa kasoran jurit | wadone binoyongan ||

19. Pangran Pêkik gumujêng turnya ris | rayi dalêm gêgeyongan amba | têmbe sarênga pêcate | dhawuh dalêm pukulun | tan langgana darmi nglampahi | sarimbit wus pamitan | amangraub suku | kangjêng sultan angandika | lah ta yayi poma sira hya gumingsir | sungkêmu marang priya ||

20. Kangjêng sultan (n)dêdonga ing Widdhi | salamête myang ungguling yuda | sarimbit anulya lèngsèr | sangking ing ngarsa prabu | pinaringan sangu mawarni | dunya arta busana | sampêt sadayèku | wus prapta ing Surabayan | lajêng ngrakit brokoh tundhan tandhu joli | myang gagamaning ngaprang ||

21. Sawusira rampunging pangrakit | nulya budhal sangking ing Mantaram | brokoh nèng ngajêng lampahe | datan kawarnèng ngênu | lampahira sampun dumugi | ing nagri Surabaya | Ki Sapanjang mêthuk | wusing lêrêm sawatara | kangjêng pangran pinarak anèng pandhapi | andhèr para punggawa ||

22. Pangran Pêkik ngandika mring dasih | hèh sakèhe bocah Surabaya | padha piyarsakna kabèh | dhawuh dalêm sang prabu | mula ingsun linilan mulih | marang ing Surabaya | lawan garwaningsun | ingutus kinèn magut prang | angadoni bandawala rêbut pati | mangrurah satru tama ||

--- 1 : 26 ---

23. Panungkule Susuhunan Giri | pinasrahkên marang jênêngingwang | nanging karsaningsun mangke | anakmas Giri iku | lamun kêna nungkula aris | sumewa sri Mantaram | tan rêkasèng laku | slamêt tan ana pêpêjah | lamun wangkot sayêkti rarêmpon jurit | akèh pêgating atma ||

10. Mêgatruh

1. Para wadya manêmbah saha umatur | dhawuh paduka sang Pêkik | mangayubagya sadarum | muji nungkulira aris | ywa nganti aprang rêrêmpon ||

2. Bilih Susuhunan Giri tan sarêju | nungkul karananing aris | tan kêna kinarya ayu | yuwana sumiwèng aji | kêkah dènnya karsa mirong ||

3. Ingkang abdi kewala pan sampun rampung | ngrabasèng karaton Giri | amboyong susunannipun | bilih tan sagêt mungkasi | suka lêbur aprang pupoh ||

4. Nanging ulun mirêng pawartos satuhu | ing mangkya Jêng Sunan Giri | kêndho kawalènanipun | saprapat yun animbangi | kalipah Mantaram katong ||

5. Darbe murid nagri Cina aslènipun | kabar maksih trah narpati | ing mangkya pinundhut sunu | sampun sinungan kakasih | Endrasena tuhu katong ||

6. Têguh timbul wantêr wêgig ing prang pupuh | kalih atus wadyanèki | kang ginala aprang pupuh | punika ingkang ngêncêngi | pinrih (m)balela ing katong ||

7. Inggih ta lah kang binujuk têka purun | istijrate eblis kapir | ngalimputi tyas rahayu | ngandêl kumandêl mring eblis | setan ngajak arêrêmpon ||

--- 1 : 27 ---

8. Nadyan (n)dhatêngêna malih rajèng kluwung | pra abdi datan gumingsir | Pangran Pêkik ngandika rum | kabèh aturira sami | bangêt ing panrimaningong ||

9. Karuhane lamun ingsun wus pinangguh | pribadi lan anak Giri | wurung sidaning prang pupuh | sawuse ingsun pinanggih | apa anane ing kono ||

10. Balik padha sadhiyaa ing prang pupuh | kêrigên sawadya mami | manawa dadi prang pupuh | gustimu sêdya (n)jênêngi | jurite wong Surèngkewoh ||

11. Pangran Pêkik wus kundur mring dalêm agung | bibar kang samya anangkil | bakda Ngisa wancinipun | jêng pangeran arsa nyilip | para wadya tan ana wroh ||

12. Laju maring Giri lumêbèng kadhatun | wau ta Susunan Giri | lênggah ingadhêp pra wadu | Endrasena tansah ngarsi | jêng sunan ngandika alon ||

13. Hèh ta kulup kabare sultan Mantarum | utusan mring jênêng mami | pinrih nungkul Sultan Agung | yèn bangga ginêpuk jurit | ngrusak ing Giri Kadhaton ||

14. Kang dènutus rama Pangran Surèngkewuh | nanging tikêl tuwa mami | amung bapak-bapak awu | garwa ratu Pandhansari | mèlu nanggulang pakewoh ||

15. Kaya priye kulup kang dadi kêncêngmu | ing mêngko ingsun mung darmi | miturut kakêncênganmu | nungkul apik nora apik | sira kang nyangga bot-repot ||

16. Endrasena duk tampi timbalan wiku | karna ro kadya sinêbit | netra ro andik kumukus | kamêjotkumêjot. padoning lathi | matur mring sang wiku gupoh ||

17. Dhuh jêng rama ingkang minangka satuhu | pupundhèn ing tanah Jawi | Waliyolah cucu Rasul | kang wus linilan Hyang Widdhi | sadhengah kinarsan klakon ||

--- 1 : 28 ---

18. Sultan Agung baya ingkang dèrèng ngrungu | kalamun karaton Giri | kanggonan prajurit punjul | wudhu nèng Cina nagari | ngajawa andon prang pupoh ||

19. Têka (n)dadak kongkon bocah isih kuncung | bojone ginawa jurit | mêjanani Sultan Agung | bok iya têka pribadi | ing kono tandhing lan ingong ||

20. Sampun sampun kangjêng rama karsa nungkul | pantês sultan ing Mantawis | tur bulu bêkti panungkul | sowan pribadi mring Giri | kèndêl dènnira miraos ||

21. Pangran Pêkik uluk salam praptanipun | sang rêsi kagyat mangsuli | ngalaikum wasalamu | gupuh mêthuk gya kinanthi | wus lênggah satata karo ||

22. Sunan Giri nambrama sarawuhipun | jêng rama Pangeran Pêkik | punapa sami rahayu | jêng pangran wacana manis | salamêt sapraptaningong ||

23. Sakalangkung dènnira asuhun-suhun | sugata lumadyèng ngarsi | sumangga sawontênipun | sumapala atur bêkti | gampil anak tan pakewoh ||

24. Dhuh jêng rama dene rawuh dalu-dalu | sawiji tan na umiring | kagyat ing tyas sakalangkung | punapi de awit gati | mocung mring Giri Kadhaton ||

11. PocungTeks asli: Pucung.

1. Endrasena myang sagunging para wadu | kang ana ing ngarsa | andhêku dènnira linggih | samya minggu tan ana wani micara ||

2. Sang pangeran mingsêr ngajêngkên sang wiku | tan ana katingal | pinêndir Susunan Giri | nir wikara nir baya têtêg ing nala ||

3. Datan ana tinaha ing galihipun | pangran Surabaya | yèn sinawang (ng)gigirisi | wingwrining tyas kadya anon singa krura ||

--- 1 : 29 ---

4. Solah ganggas ulat manis têmbungnya rum | hèh hèh Sunan Arga | pinarsakna§ Prayoginipun / piyarsakna /. wuwus mami | Sultan Agung iku ratuning rat Jawa ||

5. Murdaningrat ing jagat pramuditèku | ambêg parikrama | sadu sudibya sinêkti | putus ing rèh sampeka sura marata ||

6. Pambêsmining kang samya tan arsa nungkul | babo praptaningwang | ing saèstune tinuding | kangjêng sultan kang pinudya jayaningrat ||

7. Gustiningsun jêng Susunan Sultan Agung | hèh Sunan wruhanta | apa karêpmu kang pasthi | aprakara kang dadi karya manira ||

8. Lamun sira satuhu nêdya rahayu | têtêping karajan | tulus wibawa nèng Giri | anêmbaha ing Jêng Sultan Ngèksiganda ||

9. Lan gawanên garwa putra sawadyamu | miwah ngaturêna | donyanira pèni-pèni | lan sagunge sosotya rêtna kumala ||

10. Barêng lawan sebaku marang Mantarum | yèn sira ngèstokna | ing pituduh ingsun pasthi | tutug têtêp mulat baskara sasangka ||

11. Yèn tan anut marang ing pituduhingsun | apa kang kok arsa | tanpa sesa praptèng lalis | nagri Giri sirna dadi karang jingga ||

12. Gustiningsun Anjayèngbumi satuhu | marta parikrama | ing jagad wiryawan iki | wicaksana santosa ngagêm agama ||

13. Ing sakèhe kasukanira puniku | wiryamu nèng dunya | sami lan gêbyaring thathit | lah emanên aja nganti kadrawasan ||

14. Lah matura prasaja ywa nganggo ewuh | rikuh akakadang | wêlasasih ywa kapikir | kêncênging tyas iku kang dadya panutan ||

15. Sunan Giri (n)dêngèngèk wacana arum | ya walahualam | Allah ingkang ngudanèni | amba Tuwan sumendhe karsa Pangeran ||

16. Yata wau Jêng Pangeran Surèngkewuh | rikala miyarsa | ngandikanya Sunan Giri | tandya mêdal pasilan ngarsèng pandhita ||

17. Sakundure pangeran ing Surèngkewuh | rêmbag dadining prang | samêkta ing benjing-enjing | Endrasena jumênêng sumadilaga ||

--- 1 : 30 ---

18. Wus warata dhawuhe sang maha wiku | mring para sakabat | siswa katib kaum modin | para wadya sa-Giri wus amirantya ||

19. Enjingipun sang pangeran sampun rawuh | nagri Surabaya | pinanggih garwa myang dasih | winartanan tamtu mangun yudabrata ||

20. Sunan Giri lumuh datan arsa nungkul | wadya Surabaya | nèng alun-alun miranti | baris kêpang jêng ratu nitih jêmpana ||

21. Angidêri baris mubêng ngantya kêmput | maringkên ganjaran | mring kang ayun mangsah jurit | arta miwah busana awarna-warna ||

22. Wus waradin kang bêndhe munya angungkung | panêngran bidhalan | kang dadya cucuking jurit | wus lumaku kadya ilining narmada ||

23. Nulya joli titiyanira jêng ratu | jêng pangran nèng wuntat | nitih kuda datan têbih | ginarubyuk sakèhing kang wadya kuswa ||

24. Tan petungan datan kawarna ing ngênu | praptèng Giri pura | kêpung-kêpang pacak baris | sêsêking tyas lir pendah ayun asmara ||

12. Asmaradana

1. Sigêg kang wus pacak baris | para wadya Surabaya | angêpung Giri kadhaton | sanega kapraboning prang | gantya kang kawuwusa | wau ta Giri sang wiku | sampun ingaturan wikan ||

2. Lamun Kangjêng Pangran Pêkik | saha garwa ngêpung kitha | anglir samodra balane | (m)balabar ngêbêki papan | tiyang ing Ngargapura | jalu èstri samya bingung | kadya gabah ingintêran ||

3. Jêng Sunan Giri tinangkil | siniwèng kang wadyabala | (m)balabar anèng ngarsandhèr | samya sanega ing yuda | anganti kang timbalan | wontên putranya sang wiku | mijil sangking kang ampeyan ||

--- 1 : 31 ---

4. Sinung ran Dyan Jayèngrêsmi | wotsêkar matur ing rama | dhuh rama pupundhèningong | paran têmahaning karsa | langkung sandeyaning tyas | arsa ngayomi prang pupuh | mêngsah sultan Ngèksiganda ||

5. Atur kawula rama ji | lêpata ing ila-ila | kamipurunipun lare | mudha punggung tan wrin gatya | yèn kaparêng ing karsa | prayogi sami sumuyut | mring Sultan Agung Mantaram ||

6. Sampun ta asalah kardi | kula amiyarsa warta | Ngèksiganda sang akatong | susilèng tyas ambêg santa | tyas purna angumala | sayêkti kewala luhur | prabawa wêninging driya ||

7. Rahayu parikrama di | botên eca yèn minêngsah | mupung ing samangke dèrèng | kalajêng campuh ing yuda | prayogi tinututan | pangintên amba pukulun | wande ngayoni ngayuda ||

8. Dene manawi tinampik | karsane caraka kêdah | ngatingalkên sudirane | pan dede sangking paduka | ingkang miwiti aprang | yêkti sangking pyambakipun | datan awrat tinanggulang ||

9. Ambêkuh Jêng Sunan Giri | tan keguh aturing putra | nulya mundur sang wira nom | samarga arawat waspa | pinupus ing wardaya | papasthènira Hyang Agung | takdir datan kêna selak ||

10. Saundurira kang siwi | ngandika raja pandhita | Endrasena kaya priye | wong Surabaya wus prapta | ngêpung ing Giri pura | Endrasena aturipun | wadya Giri wus siyaga ||

11. Ngantos timbalan rama ji | dhuh sutèngsun Endrasena | apa kang pinikir manèh | balik nêmbanga têngara | budhalna wadyanira | nglêbur baris Surèngkewuh | sira mangka senapatya ||

12. Tur sandika kang sinung ngling | manêmbah mangaras pada | dhuh guru panutaningong | nyuwun pangèstu putranta | paduka dènpracaya | undure wong Surèngkewuh | wus ana ing astaningwang ||

13. Pinêtêg bunbunannèki | sinêbul mawantya-wantya | jaya jaya andikane | mundur anêmbang têngara | busêkan para wadya | gya budhal ingkang rumuhun | wadyane sang Endrasena ||

--- 1 : 32 ---

14. Kalih atus winatawis | samya asikêp sanjata | nyothe sêking (ng)gendhong towok | panganggene sarwa pêthak | wus samya masuk Islam | sabilollah unènipun | ing wuri sang Endrasena ||

15. Sanjatanira pinundhi | pistul kalih sinangkêlang | nganggar sabêt Karaloke | nèng kiwa têngên curiga | abire anèng wuntat | tinrapan bandera pingul | tinulis asma Pangeran ||

16. Pujinira andrêmimil | nyêbut asmaning Pangeran | sabilolah sênggakane | nulya pra kaum ngulama | katib modin santana | myang wadya Giri sadarum | panganggene sarwa pêthak ||

17. Sayuk samya ambêg pati | wus samya ayun-ayunan | wadya Giri Surèngkewoh | natap têngaraning yuda | bêdhug bêndhe myang trêbang | suraking wadya gumuruh | kadya bêlahing prawata ||

18. Rame campuh ing ngajurit | tambuh mungsuh tambuh rowang | wong Giri ampuh yudane | mawantu-wantu nyanjata | wadya ing Surabaya | ing prang tan pati pakantuk | satêmah barise rusak ||

19. Endrasena mobat-mabit | ngiwut kadya Radèn Seta | mlantrah pisah lan wadyane | singa kang katrajang bubar | lumayu asasaran | kang cêlak-cêlak linampus | tan ana mangga puliya ||

20. Prajurit ing Surawèsthi | tan bisa namakkên gaman | pating bilulung solahe | rumangsa kawratan mêngsah | wong Giri pamukira | lir andaka nandhang tatu | ambêg pêjah sadayanya ||

21. Dumadya kang mêngsah giris | tan ana kawawa nyangga | wadya Giri pangamuke | parjuritprajurit. ing Surabaya | kathah ingkang kabranan | tanapi tumêkèng lampus | wadya Giri sru gambira ||

22. Kang pêjah mung sawatawis | yata wadya Surabaya | sadaya wus kraos cape | undurira alon-lonan | ywa nganti kawistara | wadya Giri sru mangêsuk | lir ngrabasèng sinoming dyah ||

13. Sinom

1. Dènnira aprang sadina | kasoran wong Surawèsthi | mundur tansah tinututan | apan ta saputing ratri | wong Giri kang nututi |

--- 1 : 33 ---

wus samya wangsul sadarum | wong Giri giyak-giyak | [...]Kurang satu baris: 8i. | [...]Kurang satu baris: 8i. angklung ngênthir angalètèr samya emprak ||

2. Endrasena saha wadya | miwah para wadya Giri | wus sowan ngarsanira sang | pandhitaraja ing Giri | manêmbah tur udani | lamun wadya Surèngkewuh | wus mundur palarasan | tan ana kang mangga pulih | kathah pêjah gustine datan karuwan ||

3. Wau sang rajapandhita | langkung sukanirèng galih | kalimput ing tyas angrêda | ngraos karilan ing Widdhi | dènnya ayun mêngkoni | ing tanah Jawa sadarum | sumêngah ujubriya | kibiring tyas uwus kengis | kapandhitan sirna gunging kamelikan ||

4. Wasana aris ngandika | sukur alkamdulillahi | hèh ta kulup Endrasena | iki ngalamate dadi | angèl wong mijêt ranti | rêkasa wong (n)jara timun | kuciwa tan kacandhak | Jêng Pangeran Surabanggi | kacêkêla miris tyase wong Mantaram ||

5. Endrasena matur latah | rèh wau kasaput ratri | wadya dalêm sampun sayah | saha rêbat wêktu Mahrib | ing dintên benjing-enjing | tamtu kabanda dèningsun | mlajênga mring Mantaram | ulun datan nêdya ajrih | sukur bage ing aprang tan mindho karya ||

6. Babarpisan ulun bêkta | dadya datan wira-wiri | Pangran Pêkik kangjêng Sultan | sumewa ngarsa sang yogi | sang wiku ngandika ris | iya sun dongakkên kulup | yèn isih jênêngingwang | sira kaki ywa kuwatir | ing samêngko ing Giri sun wèhi aran ||

7. Iya nagri Sokaraja | pra wadu matur nêksèni | ratri mêngko kasukana | maulud dhikiran singir | (m)bungahna wadya alit | ganjarên sapantêsipun | kang padha mêntas yuda | dimène tambah kuwanin | nanging kulup aywa atinggal waweka ||

8. Manawa ing benjang-enjang | mungsuhmu kawawa bali | Endrasena saha wadya | sarêng matur ing sang rêsi | sadaya wus malêncing | miris datan nêdya wangsul | gustine tan kantênan | rowange kathah ngêmasi | benjang katon sarêng nungkule jêng sultan ||

--- 1 : 34 ---

9. Ing ratri samya bujana | wadya Giri suka ngênting | gantya wau kang winarna | ingkang kaplajêng ing jurit | Jêng Pangran Surèngwèsthi | lawan garwanya jêng ratu | wus kumpul wadyanira | jêng pangran anglês ing galih | sungkawèngtyas miyat rusaking kang wadya ||

10. Ki Sapanjang lajêring prang | umatur marang sang Pêkik | gusti atur pêjah gêsang | abdi dalêm Surèngwèsthi | satuhu (ng)gigirisi | Endrasena yudanipun | miwah prajurit Ngarga | naracak kêndêl ing jurit | ambêg pati ngamuk lir banthèng katawan ||

11. Abdidalêm Surabaya | sadaya turipun sami | ngraos sampun botên bangkat | tan anêdya pulih gêtih | ing tyas wus samya wingwrin | kanthi miris sakalangkung | jêng pangran duk miyarsa | ature punggawanèki | saya anglês ing galih datan ngandika ||

12. Mangkana Jêng Ratu Pandhan | miyat garwanya prihatin | sumpêk ing tyas tan kawêngan | minggu datan kêna angling | jêng ratu matur aris | ngrarêpa mring garwanipun | dhuh guru lakiningwang | lamun makatên ngajurit | rusaking prang amba nyuwun lilah tuwan ||

13. Bilih kenging dinandosan | kula ingkang andandosi | kagyat Pangran Surabaya | mirêng ature kang rayi | patanyanira aris | dhuh babo pupujaningsun | ratuning amrakatya | ratuning manis sabumi | kadiparan kang dadya ing karsanira ||

14. Wadyanira wus kèh pêjah | kang kari wus padha wingwrin | jêng ratu manis turira | sok ugi kangmas nglilani | manawi ta manawi | sagêt mulihakên purun | mangkana duk miyarsa | jêng ratu rinangkul aglis | tuhu yayi jajimating Surabaya ||

15. Lah apa sakarsanira | ingsun tan sawalèng kapti | ing samêngko muhung darma | magondhal ing sira yayi | sakarsa-karsa dadi | wus pasrah jiwa ragèngsun | ing dalu tan winarna | kunêng kawuwusa enjing | Ratu Pandhan pinarak lawan kang garwa ||

16. Anèng tarub wawangunan | andhèr wadya Surèngwèsthi | jêng ratu arum ngandika | hèh sakèhe wadya mami | (ng)gèningsun mangun jurit | ingutus jêng raka prabu | sinangon busanarta | reyal [re...]

--- 1 : 35 ---

[...yal] wolung èwu luwih | busana kèh endah-endah warna-warna ||

17. Iku sun ganjarkên sira | pandumên ingkang waradin | pra wadya ing Surabaya | sadaya wus samya tampi | arta busana adi | sumaringah netyanipun | bombong tyasnya sadaya | jêng ratu ngandika malih | wadyaningsun kabèh kang tampa ganjaran ||

18. Wus katongton antêpira | tuhu ring gusti kaèsthi | mèlu lalana andon prang | sêdya sadu ing rèh ririh | saparan datan kèri | papa rêkasa ing laku | tan ana mawèh marta | lantarane ing kamuktin | dak walêsa satus mene durung mandra ||

19. Yayah mamriha wiryawan | pamalêsku mung papèki | paran minangka mulyakna | tan ngupakara mring abdi | gung awèh kawlasasih | asor timên jiwaningsun | bocah ing Surabaya | kulina wibawa nagri | gung ginawa ina papa kasangsara ||

20. (m)Barêngkut kadya babêrah | nglabuhi Gusti kaswasih | kasurang pan kasangsaya | ragèngsun paran pinanggih | (ng)gagawa mring tan bêcik | durmala bae ragèngsun | bagya wirya ing praja | sênêng mulat anak-rabi | têka (n)dadak dakajak panggawe papa ||

21. Satêmah amanggih susah | angadoni jayèng jurit | pira papati tan ketang | sangking drêng kadêrêng ing sih | yun malês maring gusti | tan tiwas sangking sirèku | ingsun lan kakangêmas | iku dununge kang sisip | pira-bara muwuhi ing kawiryawan ||

22. Mungguh ing panyaurira | wus kalakon tur ngêlêbi | ingsun ingkang kapotangan | kacihna nalika jurit | campuh lan santri brai | akanthi prajurit punjul | Cina samya mualap | prabawane angungkuli | parabaku§ Prayoginipun / prabawèku /. prajurit ing Surabaya ||

23. Kêna prabawa arêbah | rumaras tipis kang ati | tan luput saka ing sira | manawa wus karsèng Widdhi | ing mêngko Surèngwèsthi | ginawe beda lan dangu | nguni ing sa-bangwetan | pangaubaning prajurit | manggalèng prang prajurit ing Surabaya ||

24. Tyas ambêg satya-susatya | tan angeman lara pati | wantêr tatag ing ngayuda | têguh datan pilih tandhing | babanthèng tanah Jawi | mundur aran sukanipun | iku dhèk jaman kuna | sarèhning [sarèh...]

--- 1 : 36 ---

[...ning] waktu saiki | akèh mungkur lalabuhan kuna-kuna ||

14. Pangkur

1. Lah sagung pra wadyaningwang | dadi luwih bêcik lalakon iki | tur tan sumêlang yèn lampus | kataman ing gagaman | nadyan kucêm nanging isih mamah-mumuh | nora keguh ing rarasan | waton (n)dêrbala lêstari ||

2. Payo lah padha bubaran | ingkang agung apuranira sami | marma mêngko sadayèku | padha nuli muliya | mring wismamu dene ta ganjaranipun | gawenên sangu nèng marga | ingokna mring anak-rabi ||

3. Ingsun mulih mring Mantaram | munjuk marang kakang prabu Mantawis | ngaturkên pati-uripku | lan kangmas adipatya | tiwas ing prang mungsuh wiku tuwa pikun | biniyanton wong mualap | Cina nênêka ngajawi ||

4. Gagamane mung salumrah | santri mêri tarêbange tinitir | têka wèh uwasing kalbu | angêdirkên kasuran | têmah ura datan tumama tumangguh | akèh wutahing ludira | nandhang brana têkèng lalis ||

5. Kang kari tyase garowah | lir kinêbat kawanènira ênting | kèh-kèhe ingsun kang luput | anandhang kawirangan | lara-pati ingsun lan kangmas tumangguh | aywa mèlu-mèlu padha | lah uwis andum basuki ||

6. Kunêng jêng ratu lingira | para mantri umatur sadayèki | pan sarya drês wêtuning luh | dhuh gusti pundhèningwang | sampun age paduka nêmahi kundur | tontonên wadya paduka | bêktine wong Surawèsthi ||

7. Lawan pamriye pra wadya | angantosa yèn mêngko tuhu sêkti | didimèn têlas pukulun | sagung wong Surabaya | têkèng pêjah wadyanta ing Surèngkewuh | datan ngrêmpêlu sadaya | yèn ngeman-emana pati ||

8. Kalakyaning karsa tuwan | yèn kacuwan luwung tumpêsing jurit | urip apa karyanipun | tan pêcus karya rêna | ing karsane jêng gusti têka tan dhaup | yèn uripa kêna ngucap | dhasar

--- 1 : 37 ---

manungsa tan yukti ||

9. Ewa kabèh kang tumingal | jêr wong Surawèsthi kang (n)jêjêmbêri | apan nisthane kalangkung | kawruhe nora nana | mung mangkono bobote aduwe ratu | wali kalipahing Allah | prandene nora nglabuhi ||

10. Ya endah apa wong kompra | cêplik tangèh wêruha marang bêcik | sadaya pating salênggruk | punggawèng Surabaya | ki tumênggung Sapanjang matur dhuh-adhuh | anjanmaa kaping sapta | kawulakna sadayèki ||

11. Pêjah gêsang aywa pisah | ing jêng pangran kang mêngku Surawèsthi | wadya tumpêsa karuhun | sampun age paduka | kundur ngunjukakên yuswanta pukulun | pra wadya ing Surapringga | yèn tiwas ngayahan jurit ||

12. Aywa na kantun satunggal | tinumpêsa mring Sunan Giri aglis | yèn paduka prapta kantun | dhatêng ing kalanggêngan | nyuwun wartos kewala solah pukulun | Sunan Giri kang (m)balela | pinanggiya jroning pati ||

13. Taksiya satru kawula | saturune (n)janmaa dhatêng pundi | têtêpa dumados satru | yèn dèrèng kalampahan | pulih awon dhatêng paduka gustiku | Jêng Ratu Pandhan myang garwa | suka ing tyas duk miyarsi ||

14. Ature para punggawa | samya madêg kasuranirèng galih | prasêtyanira trus kalbu | datan lamis ing ujar | sru kumruwuk nyuwun lilah magut pupuh | mangrurah kraton Prawata | rampung ing sadina mangkin ||

15. Sunanne dadya tawanan | amboyongi dunyarta garwa siwi | Ratu Pandhan ngandika rum | yèn sira magut ing prang | ingsun arsa uning tingkahing apupuh | yèn têtêp asoring yuda | padha barêng angêmasi ||

16. Para wadya matur nêmbah | dèn pitados risaking kraton Giri | prayogi jêng gusti kantun | wontên ing pasanggrahan | nyakecakkên sarira dalêm pukulun | jêng ratu aris ngandika | palimarmanta mring mami ||

--- 1 : 38 ---

17. Abangêt tarimaningwang | sun tatêdha winalêsa ing Widdhi | nanging kêncênge tyasingsun | tan kêna sinayutan | para wadya sadaya samya andhêku | jêng ratu malih ngandika | mêngko yèn wis praptèng Giri ||

18. Mungguh gêlaring ngayuda | bocahingsun sikêp ing Surawèsthi | nganggoa gagaman pupuh | ana ing ngarsaningwang | kang minangka titindhih kangmas lan ingsun | kabèh padha singitana | lamun wus têmpuh ing jurit ||

19. Ingsun aparing têngara | yèn pistulku wus muni kaping katri | sêdhêng kuwuring ngapupuh | aglis sira trajanga | poma padha èstokna pituturingsun | pra wadya matur sandika | mundur anata kang baris ||

20. Pra wadya asuka-suka | giyak-giyak marlêsunira ênir | pulih kapurunanipun | sarêng surak gumêrah | nora nana kang alit ing manahipun | sadaya samyambêg pêjah | gambira wong Surawèsthi ||

21. Sampun anêmbang têngara | bidhalira wadya ing Surawèsthi | kuli minangka panganjur | binusanan mawarna | abang kuning irêng putih ijo wungu | mandhi watang nganggar criga | tinon lir panjrahing sari ||

22. Jêng Ratu Pandhan nèng wuntat | nitih joli jêng pangran datan têbih | wahana turangganipun | ingurung-urung wadya | magêrsari prajurit wuri sumambung | solahe lir singa krura | tan nêdya mundur ing jurit ||

15. Durma

1. Lampahira ing ngênu datan winarna | wadya ing Surawèsthi | wus ngancik jajahan | ing Giri kagègèran | prajurit kang anèng wuri | lampahnya nyimpang | singitan tan katawis ||

2. Kawarnaa Jêng Susunan ing Prawata | lagya eca tinangkil | lan sang Endrasena | ingadhêp para wadya | tan liyan ingkang ginupit | jayaning aprang | jêng sunan ngandika ris ||

--- 1 : 39 ---

3. Endrasena kadiparan mungsuhira | apa tan nêdya bali | matur Endrasena | pukulun kintên amba | kalajêng dènnya malêncing | botên kuwagang | nadhahi yuda mami ||

4. Lamun purun wangsul nêtêpi bêbasan | lir sulung lêbu gêni | nadyan kangjêng sultan | Mantaram yèn miyarsa | tandang ulun ing ngajurit | kasêktèn amba | sayêkti lajêng miris ||

5. Dèrèng dangu dènnira imbal wacana | kasaru gègèr jawi | alok mungsuh prapta | anganggo mancawarna | tindhihipun nitih joli | munggèng ing wuntat | gugup Susunan Giri ||

6. Kulup payo padha nêmbanga têngara | mungsuh (n)dadak nêkani | kaki dèn prayitna | sun dongakkên raharja | Endrasena mundur aglis | nêmbang têngara | busêkan wadya Giri ||

7. Pradandanan ngrasuk kapraboning ngaprang | sangking kitha wus mijil | sangking rananggana | sampun ayun-ayunan | têngara paguting jurit | bêdhug tinatab | surak manêngkêr langit ||

8. Sarêng tandang wadya Giri Surapringga | caruk asilih ungkih | tambuh mungsuh rowang | sanjata barondongan | wadya Giri ngidak wani | pangamukira | lir banthèng nandhang kanin ||

9. Wadya Surapringga kadya singa krura | manggalak (ng)gêgirisi | samyambêg palastra | kang pêjah ingidakan | riwut rukêt ing ngajurit | tan ana nêdya | ngucira ing ngajurit ||

10. Pan karasa paparinge gustinira | sêdya amalês bêcik | ngêtohakên pêjah | wus rukêt ing ngayuda | larih-linarih ing kêris | tumbak-tinumbak | pênthung-pinênthung gênti ||

11. Ana ingkang prang tangan datanpa gaman | dadya bithi-binithi | japa-jinapanan | sêbul-sinêbul gantya | umêt-umêt umik-umik | ngapalkên japa | pating karêsês sami ||

12. Endrasena pangamuke saya nêngah | pêdhange mobat-mabit | singa kang katrajang | ngisis datan kawawa | nanggulang pangamuknèki | kathah kabranan | papati tanpa wilis ||

13. Bubar-bubar ngungsi (ng)gyaning gustinira | Jêng Ratu Pangran Pêkik | anudingi wadya | hèh bocah Surabaya | sira ayun marang ngêndi | aturing wadya | ngaso ing sawatawis ||

--- 1 : 40 ---

14. Wusnya ngaso sakêdhap nulya tumandang | mring pambaratanpabaratan. malih | risang Endrasena | sawadya sru gambira | satuhu ngebat-ebati | pangamukira | jêng ratu wlas ningali ||

15. Matur maring kang garwa Kangjêng Pangeran | dhuh kangmas adipati | senapati Cina | wus wuru ing ngayuda | sêdhênge tiniban mimis | manthuk jêng pangran | jêng ratu ngasta aglis ||

16. Pistulira winawas mimis lumêpas | mring Endrasena kanin | tanganira kanan | jumbul pêdhange gigal | ngamuk dhuwung tangan kering | pinistul sigra | kabranan tangan kalih ||

17. Maksih panggah ngamuk (m)bijig (n)jêjêg (n)dhupak | angêmah-ngêmah kuping | Ratu Pandhan sigra | pistulira winawas | suku Endrasena kêni | sakala rêbah | prajurit Surawèsthi ||

18. Samya mirêng ungêle pistul ping tiga | sigra angêbyuk jurit | saking kering kanan | gugup ingkang tinrajang | wong Giri tan ana uning | yèn mêngsah wêwah | prajurit Surawèsthi ||

19. Kiranira kantun kang katon kewala | jroning tyas agung kibir | dadya tan wêweka | bujuke wong Mantaram | wadya Cina anadhahi | karoban mêngsah | linambung nganan ngering ||

20. Endrasena (n)dhoko madyaning ngayuda | mangkana wadya Giri | myang prajurit Cina | tyase wus samya growah | kêmba tandange ngajurit | wong Surabaya | sadaya ambêg pati ||

21. Amangrurah mungsuhe pating salayah | anglir babatan pacing | risang Endrasena | kinrocok tinumbakan | ajur luluh awor siti | wadya tumpêsan | sakantune kang lalis ||

22. Mawut-mawut lumayu (ng)guwang gêgaman | samya angungsi urip | (ng)galundhung ing jurang | singidan malbèng guwa | ana ingkang (ng)gêbyur tasik | minggah ing arga | sinurak saya giris ||

23. Wadya Giri siji tan ana katingal | rêsik lir dèn saponi | wadya Surabaya | surak ambal-ambalan | pratandha ungguling jurit | Giri kinêpang | têpung kinubêng baris ||

--- 1 : 41 ---

24. Kawarnaa nalika ramening yuda | putranya Sunan Giri | kang saking ampeyan | titiga èstri juga | tunggil sayayah sabibi | sru angrêsing tyas | lir mas timbul ing warih ||

16. Maskumambang

1. Ingkang sêpuh kakasih Dyan Jayèngrêsmi | ramening ngayuda | ngupadosi rayi kalih | Jayèngsari Rancangkaptya ||

2. Karsanira ri kalih binêkta ngungsi | nanging jro kadhatyan | ingubrês wus tan kapanggih | rahadyan sangêt sungkawa ||

3. Lolos saking Giri madosi kang rayi | tambuh kang sinêdya | tan ana kang ngudanèni | lêpas lampahe rahadyan ||

4. Kawarnaa wau Radèn Jayèngsari | tan pisah kalawan | rinta Nikèn Rancangkapti | ngupadosi ingkang raka ||

5. Tan kapanggya santri Buras atur uning | dhuh lae bêndara | ing Giri apês ing jurit | tan wande dadya tatawan ||

6. Pan binoyong maring nagari Mantawis | rakanta Rahadyan | Jayèngrêsmi sampun anis | nir dasih kang atut wuntat ||

7. Duk miyarsa ature ki Buras santri | Radèn Jayèngsêkar | ngandika waspa drês mijil | yayi paran karsanira ||

8. Nikèn Rancangkapti matur èsmu tangis | kakang nora bêtah | yèn pisah lawan sirèki | saparan aku tut wuntat ||

9. Saya ribêt tyasira Dyan Jayèngsari | yayi karsaningwang | anglut kangmas Jayèngrêsmi | mati urip aywa pisah ||

10. Buras matur kalilana ingkang abdi | tumutur saparan | sumangga nuntên lumaris | sêlak têbah rakapara ||

11. Payo yayi nuli pangkat ing saiki | kang rayi turira | kakang aku dandan dhisik | karo nglumpukke dolanan ||

12. Mêngko Buras gawanên dolanan mami | bèsèk têmantènan | ambèn cilik rana cilik | bagor isi dhuwit wingka ||

--- 1 : 42 ---

13. Cowèk wajan anglo kêrên kêndhil kwali | irus rok-erokan | solèt wilah susuk cilik | bagor cilik isi bêras ||

14. Tenong cilik isi bumbu aja cicir | lan cuwilan bata | kêmbang jambu ampas krambil | kunir ênjêt angus wajan ||

15. Buras matur lèhe (m)bêkta kadi pundi | iya kanthongana | mèh bae dhakone lali | kêcik klungsu anèng kêba ||

16. Mantènaku bêcik dak gendhong pribadi | aja sira gawa | mêngko mundhak kok colongi | kateku gawanên pisan ||

17. Ko nèk kêsêl aku (n)juk gendhong sirèki | Buras tobat-tobat | dhuh bêndara napa malih | kari pêturon bênètan ||

18. Payo Buras ewangana anjupuki | Radèn Jayèngsêkar | myarsa surak (ng)gêgêtêri | kang rayi nulya cinandhak ||

19. Gya ginendhong santri Buras anèng wuri | kakang udhunêna | pasaranku isih kèri | nèk dak tinggal mundhak ilang ||

20. Buras matur sêdaya tan ana kèri | wus pinikul bêrah | êndi mantènaku kêcik | karo cukiku nèk ilang ||

21. Sampun lêpas lampahe Dyan Jayèngsari | umanjing mring wana | tumurun ing jurang trêbis | gantya ingkang winursita ||

22. Kangjêng ratu lawan garwa sang dipati | minggah marang Arga | jinajaran pra prajurit | ingurung-urung sêntana ||

23. Kawarnaa garwanya sang maha rêsi | miyos saking pura | lumajêng atawan tangis | miyat baris kang nèng ngarsa ||

24. Praptèng ngarsa mêndhak-mêndhak mangênjali | anungkêmi pada | matur mlasasih wor tangis | lae gusti pundhèn amba ||

25. Karsa rawuh anèng padhêkahan Giri | sèwu kanugrahan | pindha kêdhawahan sari | wijile nata minulya ||

--- 1 : 43 ---

17. Mijil

1. Datan (n)dimpe musthikaning bumi | rawuh sakarongron | apuranên punika dasihe | abdi dalêm pandhita ing Giri | ywa tumêkèng lalis | sru panuwun ulun ||

2. Sèstunipun putranta ing Giri | katarik wiraos | kêni bujuk rum manis têmbunge | anglimputi utamaning rêsi | têmah (m)bêbayani | tiwas ing tumuwuh ||

3. Endrasena eblis angêjawi | rêraton nèng dhepok | têka badhe ngêmbari dhèwèke | ing sang ulun kang mêngku rat Jawi | satêmah ngêmasi | (ng)gêgawa sang wiku ||

4. Putra tuwan saèstune sêpi | balela ing katong | lah punapa kang dèn andêlake | dhuh jêng gusti saèstu tur mami | dèn pracayèng galih | Gusti atur ulun ||

5. Pangran Surawèsthi ngandika ris | aywa walangatos | lamun mêngko wus eling atine | gêlêm nungkul marang ing Mantawis | atur pati-urip | mring Jêng Sultan Agung ||

6. Yèn miturut nora sun patèni | lamun mêksa wangkot | kari aran sak bojo anake | tumpês tapis ing Giri sun radin | papak lawan siti | aja na mandhukul ||

7. Nora nyana nora ngira mami | yèn dadi prang popor | sadurunge kalakon mangkene | akèh-akèh manira nuturi | têka tan ginati | minggu datan muwus ||

8. Aturana lakimu dèn aglis | yèn sandeyèng batos | isih kêncêng kang dadi karêpe | isin mundur nglabuhi si eblis | nora ngeman pati | suka tumpês lêbur ||

9. Baya namung sagêbyaring thathit | ing Giri wus luloh | mênèk uwus rumangsa lupute | gêlêm nungkul marang ing Mantawis | nuli konên mijil | aja nganggo dhuwung ||

10. Nêmbah mundur sang dyah pramèswari | jêng ratu angantos | anèng jawi kalawan garwane | yata wau pramèswari Giri | nungkêmi padaning | risang raja wiku ||

--- 1 : 44 ---

11. Aturira dahat mamalatsih | dhuh jawataningong | rama tuwan kalawan garwane | Gusti Kangjêng Ratu Pandhansari | rawuh wus nèng jawi | (m)bêkta prajurit gung ||

12. Dhawuhipun dhumatêng pun patik | gusti wantos-wantos | ywa kadaut paduka kasupèn | bilih karsa nungkul mring Mantawis | tanggêl Pangran Pêkik | ing rahayunipun ||

13. Slira tuwan sagarwa putrabdi | tulus angadhaton | anèng Giri saturun-turune | bilih datan makatên wus pasthi | risak prajèng Giri | tumpêsan sadarum ||

14. Jêng paduka tinimbalan mijil | dangu wus ingantos | yèn taledhor bok dados dukane | pan dinalih ngrungkêbi si eblis | mangga sowan gusti | sampun ngagêm dhuwung ||

15. Sunan Giri wèntèh angèngêti | tyasira sumêdhot | gugup tanggap ngrasuk busanane | datan ngagêm curiga wus mijil | atatêkên êcis | mangsah mundhuk-mundhuk ||

16. Dupi prapta ngarsanya sang Pêkik | sasalaman gupoh | wusing salam angraup padane | marikêlu mêpês anèng ngarsi | lir konjêm mring siti | ajrihe kalangkung ||

17. Angandika Jêng Pangeran Pêkik | pungkasaning lakon | kadiparan karêpmu ing mangke | kêkêtogan aywa mindho kardi | êndi kok antêpi | mati apa nungkul ||

18. Lamun nungkul dak gawa saiki | marang nagriningong | sabojomu myang anakmu kabèh | rajabrana saisining Giri | sawadyanirèki | aja na kang kantun ||

19. Sabanjure angidêpa maring | jêng sultan kinaot | ingsun ingkang bakal nyebakake | sang pandhita aturira aris | tan lênggana gusti | andhèrèk sakayun ||

20. Sampun ingkang dhumatêng ing sakit | nadyan praptèng layon | tan gumingsir sumarah abdine | muhung nyadhong parênging narpati | amba angèngêti | wawêca ing dangu ||

21. Karsaning Hyang buwana binalik | luhur dadya asor | nanging datan ngicalkên lajêre | kadi paran (ng)gèn amba sumingkir | pangran duk miyarsi | angrês galihipun ||

--- 1 : 45 ---

22. Ngandika lon hya sumêlang kapti | ingsun kang tumanggoh | dèn pracaya marang Sang Murbèng rèh | lah ta mara pradandana aglis | lèngsèr Sunan Giri | pradandosan sampun ||

23. Wus samêkta tan ana kang cicir | jêng pangeran bodhol | ingkang rayi wahana joline | Sunan Giri tinandhu nèng ngarsi | lan garwa myang siwi | jinagan wadya gung ||

24. Wadya Surawèsthi abibisik | marang sang wiranom | prayogine Sunan Giri mangke | yèn sambada ing karsa jêng gusti | rèh karya papati | anggambuh prang pupuh ||

18. Gambuh

1. Kalakyan aprang pupuh | dados damêl kapitunan agung | aminihi kasangsarane tyang alit | (ng)gorêkkên praja sawêgung | abdidalêm kathah layon ||

2. Têtela sampun kosus | sinangsaya tumêkèng ing lampus | tinumpêsa sampun botên milalati | imane sampun têkiyur | ical sumungkêm ing Manon ||

3. Mumpuni kajêngipun | jawi lêbêt sêdyanya rinangkut | tan rumaos kungkulan dhampar narpati | wikuning antigan èstu | pathaknyapêthaknya. jawi kemawon ||

4. Ing mangkya mupung ngumpul | wontên ngajêng kadrèl sangking pungkur | Pangran Pêkik gumujêng ngandika aris | bênêr kabèh ing aturmu | wus kosus tinumpês mangko ||

5. Ananging saka dhawuh | dalêm Gusti Kangjêng Sultan Agung | ingsun nora winênang lamun matèni | pan dudu bubuhaningsun | luwih karsane sang katong ||

6. Wirayate pra luhung | yèn samêngko durung waktunipun | besuk ana kang ngrêmêg kadhaton Giri | darahe Jêng Sultan Agung | campur lawan darahingong ||

7. Sadaya para wadu | samya (n)dhêku langkung cuwèng kalbu | marêming tyas têmbe kalakon sêdyèki | yata lajêng lampahipun | wus prapta ing Surèngkewoh ||

--- 1 : 46 ---

8. Pinêrnah pondhokipun | Sunan Giri sawadya kinumpul | myang jinagan ing prajurit Surèngwèsthi | kangjêng ratu karsanipun | benjang enjang dènnya bodhol ||

9. Cinacahakên sampun | baboyongan jarahan brana gung | Sunan Giri matur mring Jêng Pangran Pêkik | kauningana pukulun | kirang tiga anak ingong ||

10. Jayèngrêsmi kang sêpuh | miwah Jayèngsari arinipun | wuragile wasta Nikèn Rancangkapti | ramening prang sami mirut | lolos sangking ing kadhaton ||

11. Tan wontên sanjang ulun | duka dalêm mênggah purugipun | tunggil biyang tiga pisan sangking wingking | jêng pangran nulya dhadhawuh | marang wadya Surèngkewoh ||

12. Hèh bocah dèn agupuh | upayanên atmaja sang wiku | Jayèngrêsmi Jayèngsari Rancangkapti | kalamun uwus kapangguh | rihrihên dèn nganti klakon ||

13. Sebakna mring Mantarum | yèn ambandakalani tan purun | aywa wangwang (ng)gonira anyantosani | yèn abota sangganipun | matura ing jênêngingong ||

14. Ki Sapanjang wus ngutus | wadya Surèngkewuh ingkang ngruruh | pan sinêbar ing paran datan anunggil | sigêgên dènnya angruruh | enjinge dènnya yun bodhol ||

15. Sowan maring Mantarum | wus samêkta punggawa nung-anung | myang boyongan jarahan sampun miranti | tinêngêran bêndhe ngungkung | gumuruh kanang kêndhang gong ||

16. Enjang budhal gumuruh | giyak-giyak tandha jayèng pupuh | kangjêng ratu nèng ngarsa anitih joli | jêng pangeran tansèng pungkur | nitih turangga binarong ||

17. Ingayap wadyanipun | jinajaran myang dèn urung-urung | kang sumambung ing wuri jêng Sunan Giri | sagarwa putra tinandhu | brana jarahan tan adoh ||

18. Jinagan pra mantri nung | jinajaran myang dèn urung-urung | ginarubyuk prajurit ing Surabanggi | samya prayitna ing kewuh | samarga-marga tinonton ||

--- 1 : 47 ---

19. Ing ngênu tan winuwus | wus angancik nagari Mantarum | orêg ingkang samya ayun aningali | kondurira kangjêng ratu | ungguling prang ambaboyong ||

20. Sunan Giri pinikut | sagarwa putra santananipun | jajarahan gusis rajabrana Giri | wong nonton jêjêl supênuh | samya ngucap ting calêmong ||

21. Sing êndi warnanipun | Sunan Giri kang mbalèlèng ratu | rowangira nauri atuding-tuding | kae lo lo anèng tandhu | kang wus pikun kêmpong perot ||

22. Lo dene uwus thuyuk | apa ingkang dèn andêlkên iku | ah wong wiku manawa dongane mandi | lan duwe saraya jadhug | Cina mualap sabagor ||

23. Ing mêngko wus kinrucuk | ing jêng ratu kagêm sambêl wandu§ Prayoginipun / sambêl windu / = sambêl wayu. | pinakakkên maring sakèhe wong Giri | satêmahe padha mupus | rajane kêna binoyong ||

24. Wau ta lampahipun | kangjêng ratu prapta ngalun-alun | Pangran Pêkik sawadya myang Sunan Giri | kèndêl nèng taratag agung | jêng ratu (n)dhandhang kadhaton ||

19. Dhandhanggula

1. Kawarnaa jêng sultan Mantawis | apan sampun ingaturan wikan | Jêng Ratu Pandhan rawuhe | saha ungguling pupuh | Sunan Giri sampun jinodhi | binêkta mring Mantaram | mangkana sang prabu | miyos madyaning pandhapa | ginarêbêg sagunging pawongan cèthi | sampêt pacarèng nata ||

2. Tan pantara kang rayi kaèksi | kangjêng sultan gupuh dènnya mapak | tundhuk pinêngkul janggane | kinanthi lampahipun | wusing lênggah cakêt sang aji | arum wijiling sabda | adhuh ariningsun | lakumu myang garwanira | ingsun utus ngêndhakkên pandhita Giri | apa padha raharja ||

--- 1 : 48 ---

3. Lakinira mêngko ana ngêndi | kangjêng ratu matur saha nêmbah | kakang prabu pangèstune | mundhi dhawuh pukulun | amba miwah kangmas dipati | myang wadya Surabaya | sadaya rahayu | ingutus wus antuk karya | Sunan Giri ing aprang sampun kapilis | ing mangkya kula bêkta ||

4. Laki ulun ngêntosi nèng jawi | cumadhong ing dhawuh sri narendra | jêng sultan utusan age | nimbali ipe prabu | Pangran Pêkik sampun akerit | prapta ing palataran | (n)dhadhab mundhuk-mundhuk | lênggah konjêm ing pratala | gya ingawe jêng pangran majêng wotsari | mangraup pada nata ||

5. Padha bêcik satêkamu yayi | dene lagi sawatara dina | apa baya antuk gawe | jêng pangran nêmbah matur | dhuh gustiku kalipah Widdhi | musthikaning bawana | kinasih Hyang Agung | pangèstu dalêm narendra | kawula myang abdi dalêm Surawèsthi | sadaya karaharjan ||

6. Nuwun sampun kawula tinuding | (n)dhawuhakên timbalan narendra | dhatêng Sunan Giri Prapèn | supadi ywa kadaut | kajêngipun ingkang nalisip | tan ayun sumuyuta | ing pada pukulun | sakawit patik piyambak | tanpa kanthi pinanggih Susunan Giri | pinuju pakêmpalan ||

7. Para kaum andhèr ngarsèng rêsi | lawan wontên tyang Cina mualap | kalih atus prajurite | sampun Islam sadarum | lurahipun pinêndhêt siwi | ingaran Endrasena | saèstu pinunjul | punika ingkang amawa | kadauting tyasira sang maha rêsi | sinantosan tyang Cina ||

8. Ulun paripih sangkaning aris | mèh sadalu mêksa botên mêmbat | gèbès tan wontên ature | pêgêling tyas kalangkung | ulun mantuk datanpa pamit | enjinge mapak yuda | mèh sadintên muput | wadya dalêm Surabaya | pan kasêsêr giris pangamukirèki | Endrasena prawira ||

9. Ing sasagêd amba ambolèhi | mêksa mopo miris ananggulang | wadya Giri pangamuke | tyas amba ngrês kalangkung | sumpêg pêpêt kewran ing pikir | rayi dalêm duk priksa | bilih amba minggu | tan wontên wênganing manah | ngandika rum dhatêng amba [am...]

--- 1 : 49 ---

[...ba] ngasih-asih | mundhut lilah ngrarêpa ||

10. Karsa mulihakên tyasing abdi | sarêng rayi dalêm angandika | inggaring tyas amba mangke | nyumanggakkên sakayun | mung sadarmi (n)dhèrèk kang abdi | anulya mundhut reyal | cacah wolungatus | busana maneka warna | pinaringkên dhatêng ing punggawa mantri | pipikul Surabaya ||

11. Samya enggar manahipun sami | prêmbik-prêmbik thukul kasuranya | jêng sultan asru gujênge | bacutna ariningsun | nuwun rayi dalêm jêng gusti | kathah kang pangandika | nyênyês manis arum | kados mêjang ngèlmi nyata | agêndhagan abdi dalêm botên apil | panjang angandhar-andhar ||

12. Abdi dalêm tyang sa-Surawèsthi | sarêng mirêng ingkang pangandika | samya madêg kasurane | matur asênggruk-sênggruk | aprasêtya mawanti-wanti | sadaya ambêg pêjah | nadyan lêbur luluh | tan gumingsir ing ngayahan | saya suka sang aji ngandika aris | mara yayi banjurna ||

13. Enjing lajêng têngara tinitir | rayidalêm madêg senapatya | nèng joli mangku pistule | kawula anèng pungkur | numpak kapal datan cumuwit | gêlaripun ngayuda | garudha maniyup | kuli binusanan abra | dadya cucuk rayidalêm dadya têlih | prajurit Surapringga ||

14. Kang minangka gêlar nganan-ngering | alimunan datan katingalan | amung cucuk mèdhèng-mèdhèng | surak mawantu-wantu | wadya Giri lajêng miyosi | nir baya nir wikara | gupuh amanêmpuh | senapati Endrasena | sawadyanya tyang Cina wira ing jurit | rame campuhing yuda ||

15. Pan kapilis wadya Surawèsthi | ngungsi (ng)gyaning risang senapatya | rayidalêm timbalane | lho kathik padha mlayu | aturipun botên lumaris | angêncêngi dandosan | Endrasena anglut | tandangnya lir Radyan Seta | rayidalêm mistul tangan têngên kêni | pêdhangipun wus gagal ||§ Prayoginipun / gigal / = dhawah.

--- 1 : 50 ---

16. Maksih ngamuk dhuwung tangan kering | gya pinistul tanganipun kiwa | kabranan tangan kalihe | kantun suku myang gundhul | (n)jêjêg (m)bijig lir mênda baring | gêr ginuyu wong kathah | ping tri ing pamistul | sukunipun kang kataman | lajêng dhawah sarêng kêrbêting§ Prayoginipun / kêbêting suwiwi. suwiwi | wadya ing Surabaya ||

17. Angêbyuki sangking kanan kering | waringutên wadya Surabaya | kadugèn ing punagine | angidak ambêg purun | datan odhil wadya ing Giri | pêpêjah tan petungan | lèsèh sungsun timbun | kantun kêdhik ingkang gêsang | mawut-mawut samya ngungsi jurang trêbis | wênèh minggah prawata ||

18. Endrasena luluh awor siti | wadya Cina tumpêsan sadaya | rayidalêm minggah age | dhumatêng ing kadhatun | praptèng jawi garwa sang yogi | umarêg ngraup pada | asru tangisipun | nyuwunakên pangaksama | gêsangipun lakinya pandhita Giri | sampun pasrah bongkokan ||

19. Tan suwala sakarsa sang aji | rajabrana saisining pura | sadaya dènaturake | myang anak rabinipun | amung anak kang sangking sêlir | titiga èstri juga | Jèngrêsmi kang sêpuh | ambêg mawiku sudibya | nuli Jayèngsari taruna apêkik | Rancangkapti wanudya ||

20. Tiga pisan ramening ngajurit | samya lolos amba wus kèngkènan | ngupadosi katigane | ing samangke pukulun | Sunan Giri saha nak-rabi | myang sagung jajarahan | wus nèng alun-alun | kawula nuwun sumangga | kangjêng sultan suka amarwatasiwi | aris wijiling sabda ||

21. Iya bangêt ing panrima mami | wiku Giri patut ingapura | ing samêngko pangwasane | ing Giri sadayèku | sun paringkên maring sirèki | sagunge jajarahan | dadia darbèkmu | jêng pangran matur manêmbah | sakalangkung kapundhi sih paduka ji | kang dhumatêng patikbra ||

--- 1 : 51 ---

22. Kangjêng sunan angandika malih | seje waktu ingsun yun apanggya | lan wiku Giri Parapèn | ing mêngko jakkên mantuk | kang miruda si Jayèngrêsmi | karêpe ayun nandha | marang jênêngingsun | amung salamêt tekadnya | têmbe asung patilasaning nagari | mumpuni ing kasidan ||

23. Jêng pangeran (n)dhêku atur pamit | saha garwa mring Kasurabayan | wus linilan nulya lèngsèr | sang prabu angadhatun | kangjêng ratu kundur kinanthi | wus praptèng Surabayan | tan pisah sang wiku | sagarwa-putra pinarnah | pondhokira ngalêmpak dadya sawiji | pan datan kawoworan ||

24. Paringdalêm sunggata lumintir | pinisalin sakèhe boyongan | samya sukarêna tyase | lir jagong amamantu | dadya bawan datan pinikir | ngluhurkên asma sultan | satuhu pinunjul | jêng ratu ambage brana | jajarahan dhumatêng wadya gung alit | kasmaran tampi kucah ||

20. Asmaradana

1. Nêngêna nagri Mantawis | tamat ing Giri bêdhahnya | gantya ingkang winiraos | Dyan JayèngêsmiJayèngrêsmi. winarna | praptèng madyaning wana | santrinya kakalih nusul | Gathak Gathuk namanira ||

2. Cirêbon wutahrahnèki | nêmbah matur rawat waspa | tan sagêd pisah dasihe | ulun tumuntur saparan | rahadyan lon ngandika | ingsun mangayu-bagyèstu | (ng)gonira mantêp sih trêsna ||

3. Nahan lampahira prapti | patilasaning kadhatyan | Majapait duk kinane | anon rêngganing gapura | banon abrit kinarya | rapêt ing pamasangipun | atose wus kadya sela ||

4. Pamasang datanpa gamping | tigas ginosok kewala | lawan banon sami banon | sangking mathising pamasang | suluhan tan katingal | lir sarimbag banon wutuh | ingukir pinatra sêkar ||

5. Ing sanginggilira kori | sinungsun tinumpang-tumpang | mancut rêmit pangukire | ing sapucaking gapura | kathukulan mandira | rompyoh-rompyoh angrambuyung | kiwa têngêning gapura ||

--- 1 : 52 ---

6. Binanon nglajur ngubêngi | capurinira kadhatyan | radyan myang kalih santrine | kêmput dènnira umiyat | nulya manjing jro pura | (n)ujug(n)jujug. ing balumbang agung | toya wêning gilar-gilar ||

7. Binotrawi sela abrit | kêmput têpining balumbang | tinêpi sasêkarane | andong anggrèk argulobang | noja lan sêkar nala | nagasari cêpaka rum | clakêt myang sêkar rêjasa ||

8. Rukêm ragaina tuwin | klurak kalak kanigara | kamuning kananga kaot | dlima wantah dilêm ngambar | taluki sruni wungyan | wratsari landêp sumusup | pacarcina pudhak ngambar ||

9. Kathah winarna ing tulis | kumênyut tyasira radyan | èngêt mring ari sang sinom | Rancangkapti kadangingwang | nguni karêmênanta | wanci bangun ngundhuh santun | kakaring ing patamanan ||

10. Marang ngêndi sira yayi | rahadyan sabil ing nala | tyas pinupus nulya ngalèr | umiyat kanang kuburan | rahadyan uluk salam | karêngèng wangsulanipun | ya radèn ngalekumsalam ||

11. Jèngrêsmi lan abdi kalih | guyup samya raratiban | bakdanya ratib gya lèngsèr | tan patya têbih gya miyat | rêca amuka sona | Gathak Gathuk kagyat (n)jumbul | bilih ingong sêngguh janma ||

12. Tibane watu si anjing | radyan (n)jajah jroning pura | sunya tan ana tabête | gya wangsul maring balumbang | angambil toya kadas | Gathak adan kamat Gathuk | samya prêlu waktu Ngasar ||

13. Wus bakda anulya mijil | rarywan ngajênging gapura | nulya ana janma rawoh | nyakêti lênggahnya radyan | alon ing aturira | anggèr ingkang nêmbe rawuh | sami katuran raharja ||

14. Sintên sinambating wangi | paran kang sinêdyèng karsa | radyan angandika alon | paman asung kang pambagya | sangêt panrimaningwang | tanpa wisma raganingsun | moyang ngupadosi kadang ||

15. Nama karan Bagus Santri | paman ulun atêtanya | andika sintên kasihe | nun kula nama Ki Purwa | ingkang kajibah têngga | patilasan kadhaton gung | Majapait ranning praja ||

--- 1 : 53 ---

16. Yèn kaparêng bagus kampir | dhumatêng sudhunge paman | radyan manis andikane | bangêt ing panrimaningwang | anèng ngriki kewala | ngiras nêtêpi katèngsun | ngalap barkahing minulya ||

17. Nuninggih langkung prayogi | dhasar panêpèn punika | lamun malêm (ng)Garakasèh | kathah para manca prapta | mawarna kang sinêdya | angujung astananipun | jênêngdalêm Putri Cêmpa ||

18. Punapi sampun ningali | dhatêng lêbêting kadhatyan | paman wus salêsih ingong | kakaring anèng jro pura | umiyat pakuburan | rêca miwah blumbang agung | paran gotèkipun kuna ||

19. Ki Purwa turira aris | punika ingkang gapura | Waringin-lawang wastane | balumbang kang kalangênan | Sang Prabu Brawijaya | putri Cêmpa kang kinubur | wus manjing agama Islam ||

20. Rêca pinindha narpati | Balambangan Minakjingga | dadya tirakatan gêdhe | punika gotèking kuna | dene sanggar pamujan | winastanan Candhi Brau | tan têbih sangking kadhatyan ||

21. Punapa dèrèng ningali | ing mangke dalu kewala | ulun ingkang (n)dhèrèkake | wêktu Mahrib wus andungkap | Gathak Gathuk gya adan | paragat dènnira wêktu | Mahrib atanapi Ngisa ||

22. Sêdhênge purnama-siddhi | padhang bulan kakêncaran | rahadyan alon lampahe | Ki Purwa lumakyèng ngarsa | Gathak Gathuk tan têbah | prapta Candhi Brau sampun | pamujan Sri Brawijaya ||

23. Wanguning candhi lir masjitmasjid (dan di tempat lain). | payon banon tatumpangan | dadya lincip pungkasane | ngandhap sinungan wiwara | Ki Purwa aturira | sumangga bagus umangsuk | maring plênggahan pamujan ||

24. Radyan myang santri kakalih | wus manjing jroning pamujan | langkung kacaryan driyane | miyat rarênggan sarwendah | myang awuning kang dupa | ngandhukur lir pendah gumuk | wus tamat anulya mêdal ||

--- 1 : 54 ---

25. Ki Purwa umatur malih | wontên malih candhi endah | Bajang ratu (ng)gih namane | ananging klêbêt sirikan | yèn wontên kang umiyat | tan kadugèn kajêngipun | miwah apês kang pinanggya ||

26. Prayogi botên ningali | radyan angling paman nêdha | kèndêl ing ngriki kemawon | ulun apamitan pisan | ing ari benjang-enjang | ayun (n)dumugèkkên laku | ngupaya kesahing kadang ||

27. Ki Purwa umatur inggih | sumangga sakarsa tuwan | dalu datan winiraos | wanci pajar gidib nulya | angambil toya kadas | paragading waktu Subuh | rahadyan aris ngandika ||

28. Paman kantuna basuki | Ki Purwa aris turira | rahadyan lajêng lampahe | samarga arawat waspa | nanêdha ing Pangeran | rahayuning arinipun | rama miwah kulawarga ||

29. Lêpas lampahnya dumugi | candhi Panataran Blitar | nèng ardi Kêlud sukune | sela cêmêng kang kinarya | agêng ingkang sajuga | wit ngandhap tumêkèng pucuk | ingukir ginambar wayang ||

30. Radyan gya minggah ing candhi | tundha pitu praptèng pucak | udhunira alon-alon | Gathak Gathuk barangkangan | tyas agung tarataban | têkèng ngandhap Gathuk muwus | Gathak mau gambar apa ||

31. Kang ingukir pinggir candhi | lunglungan cêplok kêmbangan | mèmpêr wayang buta kêthèk | Gathuk ing pangiraningwang | gambare Rama tambak | katara kêthèke brêngkut | candhi alit tininggalan ||tiningalan.

32. Lir cungkup wangunanèki | ing sanginggiling wiwara | sinêrat sastra Budane | Gathuk matur inggih radyan | punika kadiparan | kajênge sastra puniku | pating pênthalit tan cêtha ||

33. Rahadyan ngandika aris | sastra Buda papèngêtan | sèwu rongatus etunge | sangang puluh siji warsa | nalikane akarya | ing sanggar pamujan iku | manthuk-manthuk Gathuk Gathak ||

34. Tapis dènnira mirsani | mentar sangking Panataran | awirandhungan lampahe | ngancik padhêkahan Gaprang | miyat kang rêca sela | kakalih èstri myang jalu | anèng sapinggiring marga ||

--- 1 : 55 ---

35. Sêkar konyoh amênuhi | dupanira datan kêndhat | tinêngga palawangane | Gathak Gathuk lon tatanya | kiyai niku napa | jurukunci lon sumaur | bagus niki panyadranan ||

36. Kang jalêr nama Kiyai | èstri nama Nyai Gaprang | pan dadya pakaulane | kang samya aminta barkah | nyunyuwun ge susuta | sarat lênggah kalihipun | ngungkurakên kyai rêca ||

21. Pangkur

1. Lah punika palanangan | ingkang ngadêg sipat grananya kyai | ingkang samya anunuwun | sawusing adudupa | nulya matur punapa sakajatipun | lamun nyuwun ge susuta | kalihe samya nglinggihi ||

2. Ing pucuking palanangan | kang wus klakyan tumuntên darbe siwi | Gathak Gathuk angacêmut | i tobat nora nyana | ingkang jêjêr ngathêr iki dadi pêlus | radyan lajêng lampahira | manjing Lodhaya wanadri ||

3. Miyat wisma lit gêdhègan | payon atêp ing salêbêting panti | êgong sajuga gumandhul | nulya kampir rahadyan | tan adangu jurukuncinira rawuh | tatanya punapa karsa | Gathak Gathuk lon nyauri ||

4. Kula mung kampir kewala | kadipundi dene gong nèng wanadri | jurukunci sauripun | sampun kina-makina | pan dumadya pupundhène tyang sadhusun | naminipun Kyai Pradhah | sintên ingkang darbe kardi ||

5. Mawi anabuh gamêlan | tamtu ngangge êgong Pradhah Kiyai | yèn tan makatên saèstu | bilai kasusahan | sabên dintên mila dinupan kumêlun | sinêkaran binorèhan | dadya warni nganti kuning ||

6. Rahadyan wusing miyarsa | cariyosnya kiyai jurukunci | nulya lajêng lampahipun | lumêbêt padhêkahan | aningali wisma alit dhapur tajug | ngandika mring Gathuk Gathak | payo ngaso maring masjit ||

--- 1 : 56 ---

7. Tumindak anon bêlikan | toya wêning rahadyan miwah abdi | samya ngambil toya wulu | wus malbèng jroning langgar | Gathak Gathuk adan nanging datan sêru | tyasira tansah trataban | wusing sunat parlu Mahrib ||

8. Linajêngkên wêktu Ngisa | paragating sêmbahyang amiyarsi | swaraning janma gumrumung | Gathuk enggar tyasira | ririh angling Gathak payo padha mêtu | nêmoni janma kang nywara | baya iku ingkang kêmit ||

9. Kaliye mêdal lon-lonan | praptèng jawi sru kagyatirèng ati | anon sima samya turu | ngubêngi ponang langgar | angalemprak adu pathak adu bathuk | ngorok (ng)gêrêng sasênggoran | Gathak Gathuk wangsul aglis ||

10. Wèl-wèlan matur ing radyan | dhuh bêndara kawula tur udani | suwara janma gumrumung | dupi kawula mêdal | yun manggihi sun sêngguh janma satuhu | kang samya yun maring langgar | jêbul sima kathah guling ||

11. Cacahipun tan kantênan | lèsèh anjrah kadya babadan pacing | mangke mênèk samya wungu | tan wurung anêmpuh byat | (m)barakoti angêmah-ngêmah mring ulun | rahadyan mèsênmèsêm. ngandika | sira ywa padha kuwatir ||

12. Luwih karsane Pangeran | yèn wis pasthi tan kêna owah gingsir | tan kêna kalamun luput | tan luput lamun kêna | balik padha pasrah sumarah Hyang Agung | kawula amung sadarma | lir sarah anèng jaladri ||

13. Wis Gathak Gathuk turua | ingsun ingkang ngêlèki têkèng enjing | rarywa kalih nulya turu | ngaringkêl datan obah | datan sêgu radyan munajat sadalu | miminta ing karaharjan | dupi wusing bangun enjing ||

14. Sêmbahyang Subuh pribadya | wusing bakda akaring pajar sidik | ginugah kang samya turu | tangi arêmrêm-ayam | miyarsakkên swara sêpi tandya lungguh | mèh raina masêmu bang | Hyang Haruna ayun mijil ||

--- 1 : 57 ---

15. Ngintip-intip Gathuk Gathak | anon janma titiga samya linggih | kadi mêntas samya turu | dupi miyat jro langgar | ana tamu katri eca dènnya lungguh | tri umentar gagancangan | tur uning mring lurahnèki ||

16. Dupi praptèng ngarsa lurah | atur uning ing langgar ana janmi | titiga juga binagus | rêspati mawa cahya | winatara sadalu manggèn nèng ngriku | ki lurah gawok ing driya | wus anarka yèn wong luwih ||

17. Parentah mring rabinira | hèh Rubiyah sadhiyaa dèn aglis | bucu kang apik sananjung | iwak dhèndhèng manjangan | bayêm ati gudhang pon-êmpon myang timun | siwalan ingkang dawêgan | miwah lêgène hya lali ||

18. Rubiyah matur sandika | wus samêkta ki lurah miwah rabi | laju marang sanggar gupuh | umarêk mring rahadyan | praptèng ngarsa matur marang sang linuhung | anggêranggèr. kula nilakrama | sintên sinambating wingking ||

19. Paman kula santri moyang | angulati kadang ingkang lunga nis | saparan kawêlasayun | balik ta sintên paman | lurah matur kang sotah mastani ulun | Ki Carita dadya lurah | ing dhusun Pakèl puniki ||

20. Mila kula gupuh sowan | de rumiyin tumêka ing samangkin | tan ana janma kang purun | lumêbêt maring sanggar | mung paduka saèstu lamun linuhung | baya trahing maratapa | wijiling andana warih ||

21. Kamipurun abdipara | atur dhahar lumayan ing kalantih | angsala barkah pukulun | kasawaban nugraha | wus tinata sang luhung ngecani kalbu | dhahar watara sak kluwak | dhèndhèng manjangan sacuwil ||

22. Atobbe ambal-ambalan | wus dumugi rampadan gya cinarik | dhaharan lumadyèng ngayun | siwalan myang dèrèsan | Radèn dhahar siwalan tanapi nginum | dèrèsaning kang siwalan | nikmat sêgêr sarirèki ||

--- 1 : 58 ---

23. Gathak Gathuk ingacaran | lah suwawi (ng)gèr aywa isan-isin | (n)dika nêdha kang pakantuk | (ng)gih wakne ywa sumêlang | Gathak Gathuk (ng)gènnya nêdha angathêkul | kalihe wus tuwuk samya | angêndhoni sabuknèki ||

24. Radyan ris tanya Ki Crita | kadiparan cariyosira nguni | griya myang kêpèk gumandhul | Ki Carita turira | inggih sangking gotèkipun tiyang sêpuh | griya winastanan sanggar | pamujan kala rumiyin ||

25. Kêpèk kakalih punika | kang satunggal pan isi sinjang lurik | warna-warni corèkipun | miwah sinjang praosan | dhêsthar têpèn renda myang praosanipun | dene kêpèk satunggilnya | isi kampuh gadhungmlathi ||

26. Mawi kaparaos jênar | kacariyos kagungan dalêm GusthiGusti. | Kangjêng Nyai Rara Kidul | sabên taun sapisan | kulabêkta dhumatêng ing wismaulun | mariksa jangkêping cacah | sarta ngiras angisisi ||

27. Sampuning jangkêp kang cacah | lajêng wangsul marang ing sanggar malih | nalika pamêndhêtulun | tuwin wangsuling barang | sampun tamtu wontên sima kang tut pungkur | nanging sangking katêbihan | punika sima kang jagi ||

28. Sabên dalu tiga-tiga | bilih siyang sami awarni janmi | wit pakèl sangajêngipun | ing sanggar kalih pisan | miwah uwit durèn kakalih puniku | anèng kiwa têngantêngên. langgar | tanêmanipun Jêng Gusti ||

29. Panêmbahan Senapatya | mila sabên woh katur mring Mantawis | Gathak Gathuk ririh muwus | wakane napa ingkang | dèn arani sima-gadhungan puniku | de tyang datan mawi tungkak | (ng)gih makatên gotèknèki ||

--- 1 : 59 ---

30. Rahadyan manis ngandika | man Carita bangêt panrimamami | buja kramanta mring ulun | Allah kang malêsêna | rèh wus siyang ulun (m)dumugèkkên(n)dumugèkken. laku | Ki Carita aturira | sumangga karsa sang pêkik ||

31. Kapungkur ing Pakèl desa | lampahira ngalèr ngetan lêstari | kèndêl kalanirèng waktu | prapta ing tanah Tuban | aso anèng ngandhap randhu-wana agung | Gathak Gathuk gawok mulat | agênging wit anglangkungi ||

32. Kubênge gya pinêcakan | kupêngira pitung dasa kakalih | radyan utusan mring Gathuk | kinèn ngupaya toya | gya umentar tan pantara têbihipun | anon sumur sela krêsna | toya lêbêt langkung wêning ||

33. Wangsul matur ing rahadyan | pinurugan lawan santri kakalih | sumur watu kêbak banyu | malah kongsi (m)baludag | karamate cacalon wali linuhung | Gathak Gathuk kagawokan | nulya ngambil toyastuti ||

34. Rampung dènnya samya kadas | toya mêndhak pulih lir nguni-uni | wangsul wêktu ngandhap randhu | bakdane salat Ngasar | gya tumindak gandrung-gandrung kapirangu | èngêt mring kakalih kadang | sira yayi marang ngêndi ||

35. Anon sumbêr binalumbang | toya wêning winastanan ing Bêkti | Rancangkapti ariningsun | nguni karêmênanta | adus marang balumbang ingkang binatur | radyan kèndêl sawatara | anulya lumampah malih ||

36. Ngidul ngilèn praptèng wana | langkung wêrit andungkap waktu Mahrib | kèndêl ngandhap mandera gung | anèng têpining sêndhang | binotrawi pinagêran sela pingul | sawusing têtoya kadas | ngrarasati wêktu Mahrib ||

--- 1 : 60 ---

22. Mijil

1. Paragating Ngisa lawan Mahrib | pitêkur sang anom | ngluhurakên asmane Sang Angrèh | Gathak Gathuk wus dangu aguling | na swara kapyarsi | lir mriyêm jumêgur ||

2. Lir kalindhon bumi gonjang-ganjing | Gathak Gathuk mbêngok | gurawalan ngarukêt rahadyan | saya rame swara kapiyarsi | sirêping swarèki | Gathak Gathuk ngantuk ||

3. Tan pantara rahadyan udani | wanodya kinaot | makidhupuh lungguh ing ngarsane | mangênjali matur nora krami | dhuh risang linuwih | ruwatên pukulun ||

4. Ing munajat satuhu karya gring | marang wadyaningong | radyan mèsêm aris ngandikane | babo rara sapa kang wawangi | lan wismanta ngêndi | de prapta ngarsèngsun ||

5. Kawruhana sang luhung wakmami | nguni putri katong | Brawijaya pungkasan pamase | kang mandhirèng kraton Majapait | rusaking nagari | salin srengat Rasul ||

6. Ulun datan kaduga nglakoni | ing agama kaot | banjur maring wana Bagor kene | atatruka karsaning Hyang Widdhi | kinèn angratoni | sagunging lêlêmbut ||

7. Ingkang manggèn nèng Bagor wanadri | de kêkasih ingong | Jêng Ratu Mas Trangganawulane | sêndhang iki apan sunarani | Sugihwaras nênggih | pasiramaningsun ||

8. Amung sabên ari Sukra Manis | (ng)goningsun lalangon | sapa wonge kang mantêp atine | yun katêmu marang jênêng mami | saranane mawi | tirakat sadalu ||

9. Ing malême ari Sukra Manis | pasthi ingsun rawoh | sarta asung apa sasêdyane | ing samurwat sarta bênêr bêcik | mriyêm ingkang muni | sabên ratri iku ||

10. Pratandhane karaton arja-di | mupus ing tyasingong | baya uwus ginaris papasthèn | takdiring Hyang tan kêna wah gingsir | ragèngsun sadarmi | sumarah sakayun ||

--- 1 : 61 ---

11. Paran karsa sira praptèng ngriki | jarwaa sayêktos | Jayèngrêsmi alon andikane | angulati kadangong kang anis | jalu lawan èstri | wus lawas tan pangguh ||

12. Jêng Ratu Mas aturira aris | babo sang kinaot | dèn-narima pan durung mangsane | têmbe panggih yèn rahadèn uwis | kaukum ing nagri | linabuh ing laut ||

13. Nèng Tunjungbang kono (ng)gonne dadi | banjur atatêmon | aywa kêmba lakunira radèn | nyanyaloni dadining ngaluwih | radèn Jayèngrêsmi | ana marêmipun ||

14. Lah Ratu Mas buron apa iki | kang padha mathangkrong | anèng êpang tan katon raine | kaya munyuk buntute tan kèksi | Ratu Mas lingnya ris | tukang arannipun ||

15. Hèh Ratu Mas sapa kang sung uning | ing satêkaningong | Sri Trêngganawulan lon ature | pêksi dhandhang sung ngalamat muni | kêna dèntitèni | kandhane wong sêpuh ||

16. Lamun ana paksi dhandhang muni | sangking wetan ngulon | nglamat bêcik tamuwan badhene | ing pandhita utawa wong luwih | lamun dhandhang muni | sangking wetan kidul ||

17. Yèku bêcik ing alamatnèki | barang karya dados | lamun ana dhandhang munya mangke | saka kidul bênêr prênahnèki | ngalamat rêjêki | ingkang karsa rawuh ||

18. Lamun ana paksi dhandhang muni | sangking kidul kulon | iya iku ala ngalamate | arsa padu rêbut sapalèki | lamun dhandhang muni | kulon sangkanipun ||

19. Ngalamate apan arsa rabi | yèn sangking lor kulon | dhandhang muni ala ngalamate | apan arsa kagêringan ati | dèn angati-ati | awas lawan emut ||

20. Atobata maring ing Hyang Widdhi | poma dikalakon | dhandhang muni lor bênêr sangkane | yèku ala ngalamatirèki | yêkti arsa manggih | kawirangan agung ||

21. Yèn amuni ing lor wetan sangking | ngalamat tan awon | yun katêmu ing prasanakane | miwah kadang ingkang wisma têbih | lamun dhandhang muni | mencok wuwungipun ||

--- 1 : 62 ---

22. Ing wismane kang nginggil pribadi | swaranira alot | yun katêkan susah ngalamate | tamat ngalamate dhandhang muni | gurune wismèki | ngêndi sangkanipun ||

23. Wangsiting Hyang lamun prênjak muni | iku dèn waspaos | kang nglamati bêcik lan alane | wus pinasthi carita ing nguni | sêmune kang pêksi | prênjak uninipun ||

24. Lamun ana pêksi prênjak muni | sarêng sakaloron | anèng kidul ing wisma prênahe | ngantya dangu pan ngalamatnèki | tamuwan priyayi | bêcik sêdyanipun ||

25. Lamun ana pêksi prênjak muni | kaprênah nèng kulon | pantinira ala ngalamate | arêp ana têtamu kang prapti | sêdyanya tan bêcik | ngajak tukar padu ||

26. Lamun ana pêksi prênjak muni | kaprênah anèng lor | pantinira bêcik ngalamate | guru prapta karsane sung wangsit | sadhiyaa nuli | kang suci kang patut ||

27. Lamun ana pêksi prênjak muni | wetan panti mangko | mencok payon kandhang gêdhogane | nglamat ala yun kabêsmèn yêkti | dèn angati-ati | ywa lena ing kalbu ||

28. Paksi prênjak munya angidêri | wisma têpung golong | pan prayoga iku ngalamate | bakal antuk donya ingkang suci | myang arta kalali | mujia Hyang Agung ||

29. Titi tamat ngalamating pêksi | kang bêcik kang awon | iku ingkang ingsunèstokake | bênêr luput karsaning Hyang Widdhi | ingsun darma manggih | ing kaol rumuhun ||

30. Radèn Jayèngrêsmi ngandika ris | sang ratu kinaot | buron apa kang na paedahe | jêng Ratu Mas aturira aris | sato tukang adi | mêngko ingsun tutur ||

31. Murwèng sato muka kang linuwih | tukang winiraos | iku agung sawabe adène | wus mutamat para nabi wali | miwah para mukmin | poma dènlêstantun ||

32. Dèn agêmi aywa ge dènwadi | yèn tan tunggal batos | tukang iku pinetta sirahe | sèlèhêna bun-êmbunannèki | panganggone nênggih | lamun ana mungsuh ||

--- 1 : 63 ---

33. Datan têdhas ing sanjata dening | utêke dènuwor | barang lênga dene panganggone | apa gawe cinampur ing dhiri | watêk têguh nênggih | luput sênjatèku ||

34. Lambe ilat dèn (ng)go jimat nênggih | kalis gêlap rêko | apan siung kalawan kukune | pan kinarya ngukur janma guling | insa Allah mati | nênggih wong puniku ||

35. Utawa dènkosokakên janmi | dadi kaku kang wong | dèn (ng)go sipat nênggih gêgêtiye | barang ingkang aningali asih | lamun dènwor warih | nênggih banyu susu ||

36. Nuli dènusapakên ing kêndhil | ujare pawartos | datan matêng nênggih liwêtane | wulunipun dènsêbar ing panti | paedahe malih | durjana tan wêruh ||

37. Anadene wêwudêlirèki | dèn(ng)go tamba kang wong | lara busung kang têngên matane | dènwor lawan gêtih sêrut nêngihnênggih. | lan luhe wong nangis | dèn(ng)go sipat iku ||

38. Insa Allah wong liyan ningali | pasthi datan wêroh | lamun lungan pan dènusapake | saka omah paedahe nênggih | tan kênèng dènambil | duwèke wong iku ||

39. Mata kiwa dènwor lan kasturi | miwah kapur-baros | apan dèn(ng)go nênggih sa Allahe | dènkasihi wong lanang wong èstri | wus titi nikmati | sato muka lutung ||

40. Ana maning sarah ingkang paksi | platukbawang kaot | luwih akèh tinimbang tukange | wulu daging jroan balungnèki | kabèh mupangating | kanthi pedah luhung ||

23. Kinanthi

1. Lah pirêngna radyan ulun | amarna sarahing pêksi | saking jêng Nabi Suleman | nênggih ingkang anjarwani | kang pêksi pêlatukbawang | kèh manpangatnya winilis ||

2. Yèn kang rumiyin dinunung | cucukipun ingkang nginggil | karya sêpuhing gagaman | gagaman sakalir-kalir | sawabipun datan ana | wong têguh tan pasah titis ||

--- 1 : 64 ---

3. Yèn tan pasah kang tinanduk | dadya sakit gêng (n)dhatêngi | tan waras prapta ing pêjah | ilating pêksi winarni | dhinahar ingkang paedah | ing pamicara patitis ||

4. Netranira kang ginantung | munggèng saluhuring kori | têbih saking duratmaka | wuluning murda kinardi | sumping rarywa lit sawabnya | atêbih saking panyakit ||

5. Polo pan kinarya pupuh | ing netra pan datan kêni | ing lalamur sawabira | jajantungipun binukti | sawabira sarwa gampang | sabarang ingkang kinapti ||

6. Lan kabuka ngelmunipun | apêruninpunapêrunipun. upami | winor lan minum-minuman | miwah winor lawan jampi | sawabe rikat lumajar | pringsilanipun binukti ||

7. Kinasiyan sawabipun | mring wanodya lawan malih | kinasiyan mring pandhita | miwah maring para wali | dhadhaning pêksi dhinahar | sawabipun lamun sakit ||

8. Enggal ing waluyanipun | brotol binukti pawèstri | sawabipun kinasiyan | dyah ika maring ing laki | buntut winor lan gulunya | binasmi nulya binukti ||

9. Ing pawèstri sawabipun | linuwih samining èstri | laripun kinarya gêlang | elingan sabarang kardi | lawan malih ingkang êlar | winor ing sabuk prayogi ||

10. Kinasiyan sawabipun | lamun suwitèng narpati | yèn sinèlèh soring bantal | patilêman sawabnèki | tiningalan sarwa endah | tur rinêksa ing Hyang Widdhi ||

11. Sawabe ingkang babalung | akuwat yèn dènsimpêni | myang balung suwiwinira | sinèlèhakên ngisoring | pasareyan datan liyan | sawabe akuwat malih ||

12. Atinipun pan ginantung | luhure dènnira guling | sawabipun bêtah sahwat | yèn winor lisah kalêntik | myang wawêdhak ingkang sahwat | sirna sagunging sasakit ||

13. Suku kalih sawabipun | lamun pinêndhêm ing sabin | myang sakèhing tatanêman | tulus wohipun andadi | lamun malih ingkang manah | ginêlangakên ngastèki ||

--- 1 : 65 ---

14. Wisa tawa sawabipun | isining wisma sakalir | têbih sangking ing lalara | nênggih atinipun malih | ingusapakên ing dakar | bêtah sahwat sawabnèki ||

15. Ingkang ilat kinaryèku | jimat sawabe tan kenging | ing luwe bêtah alapa | lawan kulitipun malih | tinalèkakên padharan | yèku bêtah luwe malih ||

16. Kêpalanira kang manuk | kinarya jimat ngajurit | kinajriyan marang mêngsah | yèn wontên wisma upami | panas tan kêna kanggonan | pinêndhêman êlarnèki ||

17. Panjawat kang têngênipun | wolung lêmbar aja luwih | pêpadonipun lor wetan | dadya tawa panasnèki | gêtih dènakingkên ika | winor lawan bawang abrit ||

18. Lawan adas nulya kinum | ing toya nèng pinggan putih | karya jampi lara netra | pinupuhakên tumuli | insa Allah dadya waras | yèn wontên sasakit kuping ||

19. Pinupukakên pan mantun | lamun arsa dènkasihi | lan wong akèh myang yèn arsa | sugih lan yèn arsa dadi | barang ingkang tinanêman | puwasaa tigang ari ||

20. Dèn kadya puwasa agung | winatêka donganèki | puniki mèle kang donga | Allahuma barkat saking | Gusti Bagendha Suleman | mung iku tan ana malih ||

21. Kang pinangan atinipun | ingolah sakalir-kalir | yèn wus dènnira puwasa | matêk donga sarwi bukti | yèn adagang myang ngawula | dèn têtêp hya walanggalih ||

22. Kalamun arsa sirèku | siniyan wong kathah malih | tyas lan ilat winor barang | olah-olahan binukti | lamun arsa matènana | ing wong durjana mamaling ||

23. Ingkang kiwa tapakipun | sinundêp ing cucuk nênggih | insa Allah pêsthi pêjah | lamun arsa sugih ngèlmi | tyas binukti lawan uyah | gorèng wus titi kang paksi ||

24. Rahadyan ngandika arum | Ratu Mas Trêngganasasi | bangêt ing panrimaningwang | sira sung pitutur jati | ngalamatèng paksi dhandhang | miwah pêksi prênjak muni ||

--- 1 : 66 ---

25. Sarahing tukang linuhung | myang palatukbawang paksi | apa kang dak walêsêna | Ratu Mas turira aris | luwih karsaning Hyang Suksma | ingsun iki mung sadarmi ||

26. Kabèh kang wus ingsunwuwusingsun wuwus. | iku darbèkmu pribadi | amung kang mêdharkên ingwang | sarèhne wus lingsir akir | sun pamitan lilanana | mantuk mring kahyangan mami ||

27. Wus tan katon kangjêng ratu | Gathak Gathuk nuli tangi | sarya matur mring rahadyan | kawula satêngah ngimpi | mirêng swara tanpa rupa | amung ganda mamrik minging ||

28. Lir tindhihên raosipun | sruwing-sruwing kapiyarsi | tukang platuk lunjak-lunjak | sarah-sarah dènadhangi | punika ginêm punapa | sintên rencang paduka ngling ||

29. Rahadyan ngandika arum | kawruhanamu kang prapti | anêmoni jênêngingwang | iku ratuning dhadhêmit | ngadhaton ing Bagor wana | ing nguni putri narpati ||

30. Sang Aprabu Majalangu | Brawijaya kang sisiwi | anggêntur amatiraga | tan sarju salin agami | katrima panêdhanira | bisa jumênêng narpati ||

31. Ngratoni sagung lêlêmbut | sajroning Bagor wanadri | sabên bêngi mariyêman | Gathak Gathuk duk miyarsi | marinding githok mangkarag | wus awanci pajar sidik ||

32. Samya wulu waktu Subuh | paragat dènnya ngabêkti | linggar sangking Sugihwaras | ngancik suku Pandhan wukir | manjat manginggil wus prapta | ing dhusun Kadhaton nami ||

33. Nyabrang lèpèn mili ngidul | toyanya nyarong awêning | miyat balung langkung kathah | agêng-agênge nglangkungi | lajêng lampahira radyan | wus praptèng sukuning ardi ||

34. Ing Gambiralaya gunung | nulya umanjat manginggil | praptèng pucak non pratapan | tanggul siti angubêngi | tinanêman sasêkaran | argulo gandanya amrik ||

35. Pinêcakan kubêngipun | tigang dasa langkung kalih | (n)jawi tanggul kidul wetan | wontên rêca sela langking | patrape lir janma priya | mangku palanangannèki ||

--- 1 : 67 ---

36. Wus pisah lan badanipun | mung sapucang agêngnèki | Gathak Gathuk latah-latah | ana manèh angungkuli | duwèke rêca Ki Gaprang | kalah dawa gêdhe iki ||

37. Rahadyan nulya tumurun | ngalèr ngèrèng-èrèng wukir | anon balung agêng panjang | tikêl pat lan kang rumiyin | praptèng ngare angandika | lir mas tumimbul ing warih ||