Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

24. Maskumambang

1. Lah ta Gathak sira umentara aglis | maring padhusunan | katêmua kanca bumi | angilènana dawêgan ||

2. Wus umentar (n)jujug wismane pêtinggi | gupuh ingacaran | lah pantèn karsa punapi | kula yun ngilèni dêgan ||

3. Anak kula kalantih nèng suku wukir | ki patinggi lingnya | botên susah angilèni | nulya ngambil kang dawêgan ||

4. Patang iji sampun pinarasan sami | lah pantèn sumangga | kula bêktane pribadi | kerit lampahira Gathak ||

5. Praptèng ngarsa mundhuk-mundhuk ki patinggi | Jèngrêsmi ngandika | kaki sun tanya sirèki | wisma miwah kang sinambat ||

6. Nama karan dhusun kang kula ênggèni | punika Padhangan | katêlah sami mastani | dhatêng kula Kaki Padhang ||

7. Sumapala kamipurun ingkang abdi | ngaturi sugata | lumayan jampi kêlantih | sacêrêt wêning dawêgan ||

8. Iya kaki bangêt panarimamami | pasihanta mring wang | Allah ingkang ngudanèni | ing sakalêthêking manah ||

9. Radyan ngunjuk ing wêning nyu sawatawis | têlêsing gorokan | karaos nikmat ing dhiri | ngandika alkamdulillah ||

10. Linorotkên marang santrinya kakalih | we-nyu papat bebas | dawêgan gya dèn klothoki | ngalih sewang samya têlas ||

11. Radyan angling kaki ingsun minta uning | mau ingsun ngambah | padhukuhan suku ardi | myat balung kèh agêng panjang ||

--- 1 : 68 ---

12. Nulya manjat malih mring pucaking wukir | anon patilasan | kidul ana rêca siji | mangku kadya palanangan ||

13. Mudhun maring ngèrèng-èrèng uning malih | balung gêdhe dawa | ngungkuli kang mau kaki | kadiparan critanira ||

14. Kaki Padhang tumênga matur sang pêkik | dongèngipun kina | sukunipun Pandhan wukir | dhusun Kadhaton namanya ||

15. Kala jaman purwa kadhaton rasêksi | Sang Prabu Arimba | rikala amangun jurit | mêngsah panênggak pandhawa ||

16. Arya Sena ingkang unggul ing ngajurit | raksasa kèh pêjah | punika babalungnèki | Sang Prabu yaksa Arimba ||

17. Pêjahipun anèng ngèrèng-èrèng wukir | ing Gambiralaya | ingkang paduka tingali | anglangkungi agêng panjang ||

18. Tiyang satus bokmanawi tan kuwawi | lèpèn alit ingkang | mangidul ilinirèki | winastan lèpèn Jêroang ||§ Prayoganipun / jêroan / kadosdene ing pada 19 lan 20.

19. Sri Arimba sasampune angêmasi | pancanaka mangsah | ing wadhuk jêroan mijil | binucal lèpèn punika ||

20. Pan katêlah namane prapta ing mangkin | ing lèpèn Jêroan | pratapan sapucak wukir | ingaran Gambiralaya ||

21. Duk rumiyin wontên putri amartapi | warna ayu endah | nama Dewi Gêndrasari | wus mêdal istijratira ||

22. Wontên tiyang jalêr asru manguntèki | anama Ki Drêpa | yun mangangkah mring sang putri | duk ayun mangkat prasêtya ||

23. Yèn tinampik amalipun dènicali | wasana sang rêtna | lumuh dhatêng Drêpa kaki | palanangan gya pinagas ||

24. Bali lênggah ki Drêpa nulya ngêmasi | nanging dados sela | lêstantun ngantos sapriki | dora lêrêse sumangga ||

25. Gathak (n)jawil lah Ki Drêpa iku sigit | nêtêpi prasêtya | botên kaya wong sakiniki |Lebih satu suku kata: botên kaya wong sakniki. sêtyane lamis kewala ||

26. Radèn JayèngrêmsiJayèngrêsmi. angandika aris | kaki pasihanta | sangêt panarima mami | kaki kantuna raharja ||

--- 1 : 69 ---

27. Ingsun nutugake tumindaking sikil | (n)dhêku Kaki Padhang | rahadyan tandya lumaris | tan pisah ki Gathuk Gathak ||

28. Ngalèr ngilèn prapta ing Bojanagari | myat kukus mangampak | rahadyan nulya nyêlaki | kang murub warni balumbang ||

29. Pinêcakan kawan likur wiyarnèki | dene panjangira | tigang dasa langkung kalih | lêbête sahasta wrata ||

30. Tanpa toya dangu dènnira ningali | nahan tan pantara | murub lir wisma kabêsmi | latu sumundhul ing mega ||

31. Isthanira kadya ngurmati kang prapti | Gathuk Gathak waswas | giris maras miris tistis | tyas lir tatas anaratas ||

32. Kêpalane dhusun Dhandhêr gupuh prapti | mariksa pawaka | kagyat anon janma katri | pinarak têpi balumbang ||

33. NgloccitèngtyasNglocitèngtyas. anèh têmên uwong iki | yèn dudu trah tama | mangsa waniya nyêlaki | ing balumbang Pakayangan ||

34. Ki patinggi anyakêti ing sang pêkik | rahadyan têtanya | baya sirèku kang (n)jagi | balumbang isi dahana ||

35. Palang matur lêrês timbalan sang pêkik | mila gupuh amba | mariksa balumbang api | awit dadya panêngêran ||

36. Lamun murub dêlajat kathah sêsakit | dhusun ingkang cêlak | kang uning urubing agni | apês lir mêndêm pocungan ||

25. PocungTeks asli: Pucung.

1. Murub agung tan wontên tiyang andulu | mung amba priyangga | kang wikan urubing agni | sampun tamtu kadhatêngan janma tama ||

2. Isthanipun lir tur urmat asusugun | punika winastan | Pakayangan latu nênggih | criyosipun prapène êmpu duk kina ||

3. Gathuk tanya marang Ki Kapalang gupuh | baya kang Kêpalang | têdhaking êmpu rumiyin | ingkang darbe patilasan Pakayangan ||

--- 1 : 70 ---

4. Apêsipun sagêd pandhe damêl dhuwung | Ki Kapalang mojar | o (ng)gèr dede têdhaknèki | nanging yêktos pancèn pandhe damêl kula ||

5. Gathuk muwus lah apa bênêr bêthèkku | yèn damêl curiga | punapi (ng)gih dènukuri | panjangipun punapa sakarsa-karsa ||

6. Myang landheyan waos punapa ingukur | napa manut bakal | Ki Kêpalang anauri | dhuwung miwah landheyan wontên ukurnya ||

7. Watonipun kalamun adamêl dhuwung | panjangipun ganja | ingkang kaukur rumiyin | lajêng kangge ngukur panjanging curiga ||

8. Awit bongkot kajawine pêsinipun | dumugi pucuknya | nênêm wêwilanganèki | kang rumiyin cakra kapindho gundhala ||

9. Tiga gunung ping sakawanipun guntur | ping gangsal sagara | kaping nênêm madu nênggih | ingkang sae têkèng pucuk dhawah arga ||

10. Tuwin dhawah sagara utawi madu | titiga prayoga | utawi dhawah jaladri | gya winalik sangking pucuk pangukurnya ||

11. Têkèng bongkot kajawining pêsinipun | kang langkung utama | ing pungkasan dhawah ardi | lah punika ingkang pantês pinilala ||

12. Lamun damêl landheyan waos ingukur | kêpêlnya priyangga | sakawan etanganèki | sangga runggi sarah watang kang prayoga ||

13. Dèn dhawahnya sangga ing pungkasanipun | Gathuk (n)dhêku lingnya | paringe kakang kapundhi | Ki Kapalang noraga matur rahadyan ||

14. Dhuh sang luhung bilih marêngi ing kalbu | kampir wisma-amba | ing Dhandhêr tan pati têbih | dhusun ingkang katingal ngajêng punika ||

15. Apuntênta paman ingsun arsa laju | (n)dumugèkkên lampah | (m)bungkuk Kapalang tur inggih | botên langkung kula (n)dhèrèkkên raharja ||

--- 1 : 71 ---

16. Pakayangan latu Dhandhêr wus kapungkur | lajêng lampahira | ngambah ara-ara wradin | tanah Dhandhêr ngilèn nulya anon toya ||

17. Mêdal saking sumbêr ngalirab dinulu | Gathuk tan saranta | ngokop toya ingkang mili | praptèng tênggok wangsul mutah bulakêran ||

18. Gathak tanya lho kapriye iku Gathuk | têka mutah-mutah | Gathuk angling mbrêbêsmili | dudu banyu iku lênga latung blaka ||

19. O ya Gathuk aku krungu critanipun | iku banyu kêna | kanggo didiyanan sami | wong padesan mung kukuse ngudubilah ||

20. Radyan mèsêm angandika marang Gathuk | iku kang pinanggya | janma tan sarèh ing budi | kaya-kaya masthi manggih kasangsaya ||

21. Ya ta wau rahadyan ing lampahipun | nalasak galagah | kêtêl rumput mendhong wlingi | nabrang lèpèn ngantya rambah kaping gangsal ||

22. Anon dhukuh anèng têngahing wana gung | rahadyan ngandika | payo Gathak Gathuk mampir | yun tatanya tanah ngêndi iki baya ||

23. Gya kapangguh sujanma amikul bumbung | isi lêgèn klapa | santri kalih anyêlaki | nabda nêdha ngilèni lêgèn kalapa ||

24. Lah ta bagus (n)dika ngombe ingkang tuwuk | ngilèni tan susah | (n)dika badhe dhatêng pundi | kamayangan têka maring dhêkahingwang ||

25. Kula (n)dherèk janma luhung ingkang nglangut | sukanira mahas | panggènan kang sêpi-sêpi | amurugi kang singit tan kambah janma ||

26. Nika ingkang nèng ngandhape pandhan arum | bagus yèn sêmbada | parêng kampir wisma mami | kula mantuk (ng)gêlar-(ng)gêlari ing wisma ||

27. Gathak Gathuk matur wit panyuwunipun | kyai ingkang ngrêmbat | paduka katuran mampir | mring wismane rèhning sampun nanggêl lampah ||

--- 1 : 72 ---

28. Tan pantara dangu ki wismaKi Wisma (dan di tempat lain). amêthuk | wus kêrit rahadyan | Gathak angupaya warih | ki wisma ngling anak ngupados punapa ||

29. Kula pados toya badhe kagêm wulu | o anak tan ana | ing ngriki toya kang suci | mèh sadaya pakungkumaning waraha ||

30. (n)Dawêk kula padoskên tirta kang luhung | ki wisma gya mancas | pang wit jêmbul toya mijil | lir pancuran wêning asrêpe sêdhêngan ||

31. Gathak matur punika toyaning jêmbul | manthêr lir pancuran | kaagêm wulu prayogi | radyan miwah Gathak Gathuk samya kadas ||

32. Wusing rampung pampêt ingkang toya jêmbul | Gathak eram ing tyas | wakne iki nyata luwih | nora nyana yèn mêtu karamatira ||

33. Praptèng wisma Gathak adan tumalawung | nulya samya sunat | bakda sunat kinamati | waktu Mahrib myang Ngisa sampun paragat ||

34. Lênggah salu sunggata lumadyèng ngayun | kang lêgèn kalapa | tela gamblok matêng ing wit | aturira manis wêdaling wicara ||

35. Dhuh sang bagus kumêdahe atur-atur | sunggata tan mandra | sawontêne tiyang langip | anèng wana tanpa rowang datan pakra ||

36. (ng)Gih kirakaki raka (dan di tempat lain). sangêt ing panrimaningsun | langkung rêsêp ing tyas | radyan dhahar tlas salining | ngunjuk lêgèn watara tigang cêgokan ||

37. Kraos tuwuk atob kaping kawanlikur | Gathuk Gathak nadhah | miwah ngombe lêgèn krambil | sakatoke tan ana tinaha-taha ||

38. Wacana rum rahadèn mring ki wisma rum | kiraka sun tanya | ngriki niki tanah pundi | lawan sintên sinambatipun kiraka ||

39. Aturipun kula pun Jatipitutur | asli saking Sela | ing Kasanga jurukunci | pan ing ngiriki talatah siti Grobogan ||Lebih satu suku kata: pan ing ngriki talatah siti Grobogan.

40. Ing Kasanga kathah panunggilanipun | Blêdhug Kuwu miwah | Crèwèk kalawan Mandhikil | myang ing Sêndhang Ramêsan

--- 1 : 73 ---

toya mawarna ||

41. Kakang Jatipitutur ulun ayun wruh | paran mulanira | yèn wontên cariyosnèki | kang jinarwa kiraka niku sadaya ||

42. Alon matur kula èngêt botên urut | lumayan kinarya | sasambèn cagaking arip | kala kina wontên panjênêngan nata ||

43. Prabu Jaka punika jujulukipun | ing Mêndhangkamulan | karêm mêng-amêng wanadari |Lebih satu suku kata: karêm mêng-amêng wanadri. anunumpu banthèng sangsam kancil kidang ||

44. Tanpa wadu amung sabat kang tumutur | nuju ri sajuga | uning sarpa manguntèki | langkung agêng sisikira mancawarna ||

45. Prabu bêndu bêntèring tyas sakalangkung | ula apa karsa | de bangêt amatiragi | mêngko sira tan wurung rampung dening wang ||

46. Sang aprabu nulya mênthang langkapipun | jêmparing lumêpas | cumundhuk sawêr ngêmasi | wontên swara kapiyarsa ing sang nata ||

47. Èh sang prabu tuhu sikara sirèku | yêkti bakal tampa | paukumaning Hyang Widdhi | datan bisa mujadahi hawanira ||

48. Nênging swara sawêr musna tan kadulu | gara-gara prapta | jawah lesus kilat thathit | aliwêran balêdhèg dhar-dhèr tan pêgat ||

26. Mêgatruh

1. Tranging jawah lagya mangkya sang aprabu | angraos sangêt kalantih | têdhak mring karandhan ngaub | tuwin karsa anuwèni | duk nguni sri nata anon ||

2. Anakipun nyi randha Kasiyan dhukuh | ing Sangkèh tuhu linuwih | Rarasati maksih timur | rèh sampun antawis lami | kakintên wus jonggrong jonggrong ||

3. Praptèng dhukuh nganti nèng dhadhah sang ulun | wêdaling dyah Rarasati | nyai randha lagya nuju | nênggani (ng)gêntang pra èstri | gagêndhingan dhungprong-dhungprong ||

--- 1 : 74 ---

4. Rarasati mijil sangking wismanipun | asinjang pathola abrit | konyoh jênar slendhang kawung | tinêpi parada kuning | wimbuh ayu mêlok mêlok ||

5. Tansèng pungkur kalangênannya sang ayu | juga babon kate adi | pêthak mulus cènggèripun | sanggardalima rêspati | sapraptanira sang sinom ||

6. Panggêntangan nulya tumut (ng)gêntang pantun | sukunira kang sasisih | angidak sirahing pantun | angikis sinjangirèki | kakempol katon mancorong ||

7. Gêbyar-gêbyar anglir pendah thathit barung | dupi miyat sri bupati | gandrung-gandrung amangun kung | ngandika jroning panggalih | pantês dadya garwaningong ||

8. Sigra têdhak nyakêti kang samya nutu | matêk asmaragama di | para dyah kang samya nutu | tan ana ingkang praduli | katungkul dènnira gerong ||

9. Sruning cipta korut nutpahira prabu | datan prabeda sang dèwi | ugi korut nutpahipun | samya tumètès ing siti | tandya kate pêthak gupoh ||

10. Anucuki nutpah kalih-kalihipun | wus nunggil dadya satunggil | Prabu Jaka dahat ngungun | sangêt lingsêming panggalih | nulya kundur angadhaton ||

11. Gathak Gathuk samya gumujêng angguguk | radyan mèsêm ngandika ris | kiraka Jatipitutur | nêdha kalajêngna maning | cariyosipun kang babon ||

12. Kyai Jatipitutur nglajêngkên atur | dupi wus antara ari | amanigan kate pingul | nyi randha dupi udani | antigan pinêndhêt gupoh ||

13. Gya dinèkèk anèng padaringanipun | tinunggilkên tigan katri | winor uwos kang lumintu | sabên ari dènêdangi | nanging botên katon kalong ||

14. Malah wuwuh nyi randha graitèng kalbu | baya iki kang marahi | atigan gêng pedahipun | bêras dakdang sabên ari | mora kalong malah wuwoh ||

--- 1 : 75 ---

15. Gya pinêndhêt ingêlih maring ing lumbung | dupi uwosira ênting | nyai randha mêndhêt pantun | mring lumbung ambuka kori | mêndhêt sabêlah ginendhong ||

16. Tigan ingkang dipun dèkèkakên lumbung | sampun nêtês nanging warni | taksaka agêng kalangkung | ngalêkêr pinuju guling | kagyat nulya tatanya lon ||

17. Paran karsa nini sira marang lumbung | nyai randha nulya nolih | anon sarpa nulya gugup | gya dhawah bali anjêlih | lumajêng aketol-ketol ||

18. Arsa lapur dhumatêng ing sang nindya nung | taksaka suka ningali | wus mêdal saking ing lumbung | mring gyannya dyah Rarasati | sarwi ngling dhuh ibuningong ||

19. Dèwi Rarasati gumuling akantu | wungu nututi bok nyai | sakaliyan prapta sampun | ngarsanira kyana patih | naga wus nèng wuri (n)jongok ||

20. Nyai randha myang Rarasati duk (n)dulu | samya gumuling ing siti | kya patih arsa lumayu | naga gumujêng sarya ngling | kaki aja jrih maring ngong ||

21. Kene payo padha lungguh kang pakantuk | kya patih ngoplok lingnya ris | lah ula apa sirèku | tanpa sangkan (ng)gonmu prapta | sang naga saurira lon ||

22. Kaki ingsun unjukna mring rama prabu | kyana patih anauri | mung manthuk lumaris gupuh | risang naga anèng wingking | dupi prapta ngarsa katong ||

23. Kyana patih dèrèng munjuk sang aprabu | naga wus nèng wurinèki | Prabu Jaka gya andangu | èh ula apa sirèki | de bisa clathu lir uwong ||

24. Naga matur ngakên putranya sang prabu | kalangkung dènnira runtik | èh ula kawruhanamu | ingsun iki durung rabi | sira têka anyalêmong ||

25. Lah lungaa yèn kasuwèn têkèng lampus | naga karuna turnya ris | (ng)gêlarkên nalikanipun | sri papara ing wanadri | tumêkèng kundur ngadhaton ||

--- 1 : 76 ---

26. Lan umatur sakawiting babon pingul | nigan têkèng nêtêsnèki | sang prabu miyarsa atur | dahat ing lingsêming galih | nulya jêngkar angadhaton ||

27. Kyana patih tinimbalan mring kadhatun | dhawuh timbalan narpati | ponang sawêr kinèn nantun | madosi pacangan aji | lan mêjahi satru katong ||

28. Baya putih têlênging sagara kidul | punika yèn antuk kardi | ingakên putra satuhu | patih wus (n)dhawuhkên maring | sarpa matur arawat loh ||

29. Sru prasêca§ Prayoginipun / prasêtya /. yèn tan kalakyan satuhu | karsane sri narapati | suka tumêkèng ing lampus | kya patih wêlas ningali | punang sarpa mêsat gupoh ||

30. Ngidul têrus singa kang katrajang gêmpur | amrih aglisira prapti | amblês bantala jumêdhul | têlênging kanang jaladri | susumbar anguwuh mungsoh ||

31. Angungaskên atmaja Sri Jaka Prabu | ing Mêndhangkamulan adi | Sang Dewatacêngkar Prabu | kang awarna baya putih | miyos sangking ing kadhaton ||

32. Mapag yuda ramening prang tan cinatur | ngantya pirang-pirang ari | sri dyah lami laut kidul | nama Prabu Anginangin | sukaning tyas dènnira non ||

33. Amiminta sirnane sang baya pingul | jaladri akocak-kacik | toya bêntère kalangkung | mina kathah angêmasi | baya pêthak yudanya sor ||

34. Kabuncang mring dharatan têpining laut | sirnaning angga pan dadi | Argalima wastanipun | sarpa sukane angênting | wus pasthi inganggêp katong ||

35. Kacariyos Prabu Anginangin wau | suka amarwata siwi | satrunira baya pingul | mangkya wus tumêkèng lalis | naga tinimbalan gupoh ||

36. Malbèng pura prapta ngarsane sang prabu | natadèwi ngandika ris | èh sarpa kang jayêng pupuh | ingsun nguni pasanggiri | sapa

--- 1 : 77 ---

kang agambuh pupoh ||

27. Gambuh

1. Sing sapa unggul pupuh | amatèni mring si baya-pingul | gêntènana sadhela jumênêng aji | luwarana punagiku | sarpagung turira alon ||

2. Tan lêngganèng ragèngsun | anglampahi pasang giri prabu | nanging lampah amba punika tinuding | wusing nyirnakakên satru | ngulati pacangan katong ||

3. Rèhning dèrèng kapangguh | Prabu Rara angandika arum | pacangane ramanta pan ingsun iki | sira munjuka sang prabu | ngulati pacanganingong ||

4. Ywa krama liyaningsun | nanging andadèkna kawruhamu | ramanira tan widada madêg aji | namung tigang warsa puput | ginantyan kang darbe kraton ||

5. Ing ari Budha besuk | lèk purnama Galungan kang wuku | dak aturi têdhak mring kadhaton mami | sira sun rabèkkên kulup | olèh Balorong yu anom ||

6. Dhaubnya tan cinatur | langkung rame ing bawahanipun | ing dharatan pagêblug agêng (n)dhatêngi | wusing dhaub madêg ratu | sapta ri gya pamit gupoh ||

7. Linilan pamitipun | myang winisik kang badhe tinêmu | ing sarira miwah jangkaning nagari | purwa madya wusanèku | wêlingira wantos-wantos ||

8. Sri putri malih muwus | Linglung Tunggulwulung jujulukmu | têmbe sira karsaning Hyang angratoni | lêlêmbut ing gunung-gunung | mring sira anganggêp katong ||

9. Kala patêmbènipun | sira dadya ngalamat satuhu | dauruning jaman myang kêrtaning nagri | wis mangkata sira kulup | garwamu rara Balorong ||

10. Mênèk ngribêti laku | lah tinggalên nèng kene rumuhun | sira aja mêtu marganira lami | têlêng samodra kapungkur | amblês ing pratala gupoh ||

--- 1 : 78 ---

11. Nèng Pasundhan anjêbus | amblês malih (n)jêbus wontên Kuwu | ing Carèwèk Mandhikil jêbusnya malih | sampun cêlak nagrinipun | mlampah dharatan nalosor ||

12. Dumugi praja (n)jujug | kapatiyan wus kêrit lumêbu | dupi prapta ngarsa nata mangênjali | kyana patih makidhupuh | Tunggulwulung analosor ||

13. Lampahira ingutus | sampun katur purwa wasanèku | Prabu Jaka langkung trusthanirèng galih | wus inganggêp putra prabu | ginanjar makutha kaot ||

14. Agêmira sang prabu | buntut untu atanapi siyung | binrongsong mas tinarètès sosotyadi | sisik linapis mas murub | kalung sosotya mancorong ||

15. Myang pinaringan cupu | asthagina isi lisah kayun | kuwasanya yèn wontên sarpa ngêmasi | tinètèsan lisah cupu | gêsang malih lenggak-lenggok ||

16. Sinimpên wontên buntut | myang musthika naga kwasanipun | sinuyutan sakèhe sarpa sabumi | dumunung ing cêthak murub | dhawuh dalêm sang akatong ||

17. Èh sakèh wadyaningsun | piyarsakna samêngko si Linglung | ingsun junjung pangkat pangran adipati | manggon ana Tunggulwulung | wus kulup mundura gupoh ||

18. Aywa kuciwèng laku | lah arakên lakune si Linglung | lan rêksanên sacara-caraning janmi | pangran dipati wus mundur | ing marga tan winiraos ||

19. Mandhirèng Tunggulwulung | dupi antuk sawarsa sang Linglung | anêlaskên iwèn wus katur sang aji | gya ingêlih dalêmipun | myang winulang rama katong ||

20. Ing ngèlmi agal-lêmbut | wus kacêkap tan ana kalimput | Tunggulwulung tapa mangap nèng wanadri | awit sangking laminipun | badan kathukulan bondhot ||

21. Nglênggirik kadya gumuk | ical sipatira taksaka gung | tutuk kadya wiwaraning guwa wingit | wus matêng ing tapanipun | manungsa tan ana wêroh ||

--- 1 : 79 ---

22. Karsane jawata gung | nuju dêrês jawah gumarubug | wontên rare angon sasanga kèhneki | kajawahan samya ngaub | nèng tutuk naga kinaot ||

23. Kang wolu wus umangsuk | kang satunggal siningkang tan antuk | gya minggah ring klêrês gigir nyangking kudhi | mêmêrang siti marêntul | guwa mingkêm kadya angob ||

24. Rare wolu kang ngaub | sarêng samya pêjah tanpa muwus | kang satunggal wontên jawi mêrang gigir | inggal lumajêng umantuk | mring sudarma awawartos ||

25. Tandya kunjuk sang prabu | sri narendra sakalangkung bêndu | gya adhawuh kinèn mantèk wêsi gilik | cangkêmira Jaka Linglung | supadi pêjah ing ngênggon ||

26. Wus pinantèk kang tutuk | Jaka Linglung tumêka ing lampus | lah punika cariyosipun ing nguni | atatanya Gathak Gathuk | athik ula kaya uwong ||

27. Le nyêmbah niku prèhpun§ Prayogonipun / pripun. | Rara Blorong kacariyos ayu | pinaèsan saya wimbuh amrakati | Jaka Linglung sigit bagus | winêwahan mawi topong ||

28. Wong gèpèng sirahipun | kados pundi kêkahe puniku | ah wong criyos wikana nyatane nguni | tamating cariyos bangun | Gathak Gathuk adan Suboh ||

29. Wus samya wêktu Subuh | sabakdanya Subuh ngandika rum | lah kiraka wawi ulun ayun uning | patilasan Tunggulwulung | inggih sumangga sang anom ||

30. Kula gadhah panyuwun | mrih lêstantun tan sangsayèng laku | kaparênga miturut sacaranèki | kiraka hywa walang kalbu | datan nyuwalani ingong ||

31. Wus kêrit lampahipun | prapta ing Kasanga têpinipun | siti lêbu kadi awu warnanèki | tan wontên taru kang thukul | ngilak-ilak lir sinapon ||

32. Ambanon ingkang wangun | nanging mawi malengkong mangidul |

--- 1 : 80 ---

kathah bolong kadya lènge yuyu nênggih | katutub ing lêbu lêmbut | tiniyub maruta katon ||

33. Sadaya sami ngêmpus | lir tutuban dene têlêngipun | wontên êlèng sadandang wiyarirèki | akumrangsang ungêlipun | tinindakan alon-alon ||

34. Wus cêlak mêndhak sampun | lampah bocong ngambah krikil alus | warna abrit pêthak jêne anêlasih | kèndêl sila dènnya lungguh | rahadyan anulya jongkok ||

35. Mariksa lêbêtipun | kilêng-kilêng kinclong warninipun | kadya lingsah ingkang sakalangkung wêning | swara kumrangsang saya sru | wusing anon ngandika lon ||

36. Punapi marmanipun | lampah bocong Ki Jatipitutur | matur kurmat rèh wus cêlak dunungnèki | Prabu Anom Tunggulwulung | kadinanan ngèlmi kaot ||

28. Asmaradana

1. Kang kilêng-kilêng kaèksi | gih punika netranira | lêbu lir awu warnane | tilas Linglung duk samana | pinantèk tutukira | badan polah siti (m)blêdug | nanging botên sagêt kesah ||

2. Krikil warangan puniki | kinarya nyêmêng gêgaman | toyane jram pêcêl winor | paedah ampuhe mindhak | rahadyan sampun linggar | tan pati doh nulya (n)dulu | sumbêr alit isi toya ||

3. Nyêmêk-nyêmêk raos asin | kidul têlêng kawistara | wontên gumuk mujur ngilèn | kilèn gumuk datan têbah | rawa lit kêbak toya | ugi asin raosipun | lèr kilèn têlêng Kasanga ||

4. Ara-ara tinon asri | sitinipun bulak pêthak | barênjul samya inggile | turut pinggir pupundhungan | dumugi ing lèr wetan | mathuthuk lir wisma pingul | bênggang ajêg lir tinata ||

5. Wetan têlêng tinon asri | waradin pênuh thukulan | rumput mêrakan myang mendhong | têkèng kidul notok arga | tinon asri kawuryan | nglilipur ing tyas margiyuh | Ki Jati malih turira ||

6. IngrikiIng ngriki (dan di tempat lain). bilih marêngi | mangsa katiga akathah | sima sawêr samya manggon | asring-asring ing Kasanga | sawiyaring têlêngnya | (m)blêdhos swara kadya gludhug | inggilnya ngungkuli arga ||

--- 1 : 81 ---

7. Tinon yêktos (ng)gigirisi | gih punika kruranira | Tunggulwulung ingkang manggèn | ing sangandhaping Kasanga | ri wusnya mangun krura | kula gya mariksa gupuh | punapa kawontênannya ||

8. Yèn katingal sanepaning | maryêm badhe wontên pêrang | yèn katingal kados layon | badhe kathah tiyang pêjah | sampuning amariksa | nuntên lapur lurah ulun | dhatêng Mêthakan ing Sela ||

9. Kang nglajêngkên mring Mantawis | dene lèpèn cacah gangsal | kalamun rêndhêng mangsane | punika dados satunggal | tinon wus kadya rawa | ila-ilane rumuhun | para priyantun ing praja ||

10. Saèstu yèn botên kenging | anon têlênge Kasanga | kilap punika wadose | yèn tinrajang kadrawasan | linungsur kang darajat | apês nandhang ing papa gung | kinêbat kang sandhang pangan ||

11. Wus tapis dènnya ningali | Ki Jatipitutur lingnya | suwawi angalèr ngilèn | punika tilas kadhatyan | nagri Mêndhangkamulan | ing Kasanga wus kapungkur | prapta tilasing kadhatyan ||

12. Wujud kantun siti mênggir§ Mênggir. saking / mênggêr / = katingal agêng kados rêdi. Kadadosakên / mênggir / supados wanda pungkasanipun / i / kangge nêtêpi guru lagunipun têmbang Asmaradana. | wus dumadya wanawasa | linajêngkên ing lampahe | prapta ing sêndhang Ramêsan | wawêngkoning Kradenan | cakêt satêpining ranu | tan patya lêbêt kang toya ||

13. Kalangkung gawoking galih | de toya sasêndhang wrata | kadi dene wedang umob | lir umbul modal ing toya | gumlêdhêg kang suwara | mancawarni toyanipun | pindha kukuwung wangkawa ||

14. Ijêm jêne wungu abrit | dadu jambon cêmêng pêthak | inginum anta raose | sêmune kaworan lirang | bêntère sawatara | tan na ilèn-ilènipun | pindhane kadya balumbang ||

15. Ki Jati turira aris | punika sêndhang Ramêsan | lajêng tindak mring Carèwèk | aningali gumuk karang | sanginggil gumuk ingkang | êlèr miwah kilènipun | wontên sumbêripun samya ||

--- 1 : 82 ---

16. Asin raosing kang warih | punika kenging kinarya | sarêm alêmbut warnine | sêmu abrit asin kirang | wus têrang pinariksan | lajêng mangalèr sang luhung | ing Mêndhikil kang sinêdya ||

17. Praptèng gumuk datan inggil | nulya samya inginggahan | sampun rawuh ing têpine | lir sumur bundêr apapak | nanging tan isi toya | êndhut cuwèr ngantya pênuh | papak lambe ambaludag ||

18. Lir pendah umob swarèki | bêntèr namung sawatara | wontên ilèn-ilènane | mili we asin raosnya | gya anon sumur tiga | lir wedang panas wenipun | kang kadya sumur lit kathah ||

19. Toyanipun ugi asin | sadaya kenging kinarya | sarêm kadi ing Carèwèk | kawratan wus pinariksan | ing Blêdhug tinindakan | saking mandrawa kadulu | anon ara-ara wiyar ||

20. Ki Jati turira aris | punika kang katingalan | ing Blêdhug Kuwu wastane | kalangkung agêng tinimbang | lawan kang kathah-kathah | mawi suwara jumêgur | tan kêndhat dalu raina ||

21. Kiraka suwawi kampir | nêdha andika atêrna | Ki Jati sandika ture | saking Mandhikil wus linggar | tan dangu lampahira | praptèng talatahing Kuwu | katon trang umbuling lahar ||

22. Ra-ara wangun pasagi | kandhêg ing têpi rahadyan | milih siti ingkang atos | kang êmpuk tan kenging kambah | rahadyan kagawokan | miyat ing têngahing Blêdhug | malêmbung kadi plêmbungan ||

23. Palêndhungnya langkung inggil | dupi wus katon gya pêcah | jumêgur asru swarane | kadya maryêm kapiyarsa | mêdal kumukus pêthak | wusing (m)blêdhos ngandhap mlêndhung | kadya ing suwaunira ||

24. Lumintu datan sarênti | swaranira nora kêndhat | ki Jati umatur alon | malêndhung tuwin nyuwara | tan lèrèh dalu rina | katiga rêndhêng kèh jawuh | tansah makatên kewala ||

25. Punika kang alit-alit | ungêlipun datan sora | ugi makatên patrape | upami wontên kang ngambah | lajêng amblês kewala | sangking lêbête kalangkung | sampun èstu lajêng sirna ||

--- 1 : 83 ---

26. Ki Jati ngupados dêling | tinalorongkên manêngah | dêling amblês datan katon | lah punika dêling ical | tri ari yèn klêrêsan | dêling mumbul katut lumpur | malêsat dhawahnya têbah ||

27. Kadhang kalajêng tan mijil | sadaya kang kauningan | punika patilasane | Tunggulwulung Linglung Jaka | pramila ingaranan | Kuwu nalika mênthungul | wontên ngriki kantos§ Prayoginipun / ngantos /. lama ||

28. Siniwèng naga sabumi | kacariyos ngantos krama | ugi angsal putri Blorong | rahadyan kasêngsêm miyat | kaelokaning Sukma | sru nalangsa mring Hyang Agung | dene sipate kang ula ||

29. Mawèh tilasing nagari | kalimput ngulati kadang | dadya gandrung ing Hyang Manon | katongton murah asihnya | aris wijiling sabda | kiraka Jatipitutur | punapa sun walêsêna ||

30. Tanduk tanggaping kang êsih | dhumatêng badan kawula | datan mantra lagya nêmbe | de arsa asung carita | nêdahkên kanyataan | patilasaning ngaluhung | lalakyan jaman kadewan ||

31. Mila sru panuwun mami | winantu ing suka rêna | myang dèn agung aksamane | ing mangkya ulun paliman | andumugèkkên lampah | kantun manggiya rahayu | jinurunga ing sakarsa ||

32. Tur wangsulan sami-sami | kula sakalangkung bingah | de paduka karsa nyruwe | mugi raharja ing lampah | anulya sasalaman | Ki Jatipitutur mantuk | radyan lajêng lampahira ||

33. Kadalon anulya mampir | dhumatêng ing dhusun Sela | (n)jujug ing pajurukuncèn | ki jurukunci atanggap | manggihi kang dhatêngan | alon wijiling kang wuwus | rèhning wus ciklu manira ||

34. Aywa dadi tyasirèki | manira datan akrama | marang sariranta anggèr | mangkya ingsun nilakrama | ing êndi kang pinangka | lawan sapa kakasihmu | mring ngêndi kang sira sêdya ||

35. Rahadyan umatur aris | jêng kyai dhawuh paduka | saèstu sampun lênggahe | ngasêpuh maring ngamudha | ngoko tan mawi krama | de lamun andangu ulun | pun santri mging. dhukuh wetan ||

--- 1 : 84 ---

36. Kula mangkya nyuwun uning | ingriki namaning dhêkah | jêng kyai lon andikane | èh kulup kawruhanira | ing kene krajan Sela | kabawah marang Mantarum | ya ingsun ingkang rumêksa ||

37. Luluhurira narpati | paparab KiagêngKi Agêng. Sela | ingkang sumare ing kene | aranku Ki Pariwara | kaprênah buyut lawan | Kyagêng Gêtaspandhawèku | mamanising tanah Jawa ||

29. Dhandhanggula

1. Lah ta kulup sira ywa kuwatir | sayêktine ingsun nora samar | marang lalakonmu anggèr | rèh ginadhang sirèku | cacalone janma linuwih | kang jênjêm manahira | anèng wismaningsun | upama sira babakal | karya wisma ingsun amanjurung tali | rahadyan duk miyarsa ||

2. Asrêp ing tyas aturira aris | dhuh pukulun ragèngsun sumangga | datan lênggana dasihe | mangkana sang abagus | ngantya lami nèng Sela kampir | anujwari sajuga | sabakdaning Subuh | Kyai Agêng Pariwara | lênggah srambi rahadyan tan kenging têbih | jêng kyai angandika ||

3. êh ta kulup dèn kaparèng ngarsi | kawruhanmu nora endah-endah | ngèlmu kang sun imanake | amung piwulangipun | eyang Kyagêng Sela linuwih | nyatane wus anyata | cihnane linuhung | kang mêngkoni tanah Jawa | datan liya têdhake Jêng Sela Kyai | lah iki piyarsakna ||

4. Papali ki ajinên (m)bêrkahi | tur salamêt sêgêr kawarasan | pêpali iki mangkene | aja agawe angkuh | aja ladak aja ajail | aja manah surakah | lan aja calimut | lan aja guru-alêman | aja jail wong jail pan gêlis mati | aja amanah ngiwa ||

5. Aja saèn dèn wêdi ing ngisinisin (dan di tempat lain). | ya wong urip hya ngêgungkên awak | wong urip pinèt baguse | aja lali abagus | bagus iku dudu mas picis | pan dudu sêsandhangan | dudu rupa iku | wong bagus pan ewuh pisan | sapapadha wong urip pan padha asih | pêrak ati warnanya ||

--- 1 : 85 ---

6. Aja mangeran ing êmas picis | aja mangeran ing busanendah | ja mangeran kabisane | aja mangeran ngèlmu | aja mangeran têguhirèki |Lebih satu suku kata: aja mangran têguhirèki. aja mangeran japa | aja (ng)gunggung laku | kabèh iku siya-siya | aja sira (ng)gugoni kawruhirèki | lah iku mundhak apa ||

7. Angkuh kang jujur arahên kaki | aja sira angarah kèringan | saidhêp-idhêpe dhewe | ewuhe wong tumuwuh | dipun bisa ngenaki ati | atine sapêpadha | nêpsumu ja turut | iya nêpsuning manungsa | kudu kèdhêp iya sapadhaning janmi | iku sira sirika ||

8. Aja sira padhakakên jalmi | aparentah marang sato kewan | kêbo sapi lan ayame | aja sira prih wêruh | kaya uwong pan nora bangkit | aja kaya Samêrta | kêbone pinupuh | kinèn sinau mêmaca | wus pasthine kêbo sapi nora bangkit | mulane awuwuda ||

9. Ayam ginusah munggah ing panti | atanapi yèn amangan bêras | kêbat ingadhangan bae | iku wong ngolah sêmu | yên têtangga sarate kaki | yèn layak ingaruhan | aruhana iku | yèn tan layak ênêngêna | apan iku mangan sêgane pribadi | pan dudu rayatira ||

10. Yèn mungguha rayate pribadi | kapenakna ya rayate ingkang | nglarakêna ing atine | aja sira mumuruk | tuduhêna yèn dèrèng sisip | yèn uwis katiwasan | aja sira tutuh | kelangan wuwuh duraka | aja sira ngumpah-umpah iku kaki | lah iku mundhak apa ||

11. Dèn aolah mungguh ing ngaurip | aja nganggo ing sadaya-daya | wong urip pan akèh lire | dipun ngidhêp pakewuh | ewuh iku tigang prakawis | pakewuh ing pangucap | ewuh ing pandulu | ana ewuh jroning nala | yèn katara alane sajroning ati | pan dadi panggraita ||

12. Dipun wuruk lan idhêp ing ngisin | isin iku pan kalih prakara | dhingin isin Pangerane | dene ping kalihipun | dipun isin padhaning janmi | yèn kalakona wirang | isin têmahipun | dipun atut akakadang | pawong sanak aja pêgat ngati-ati | yèn cêla dadi ala ||

--- 1 : 86 ---

13. Aja sira watak wani-wani | maring sanak pawong kadangira | aja sira watak dahwèn | aja watak kumingsun | aja watak ngaruh-aruhi | aja awatak ngiwa | ala kang tinêmu | sing sapa atine ala | nora wande ing benjing iku nêmahi | wong ala nêmu ala ||

14. Sing sapa andhasarakên bêcik | nora wurung benjing manggih arja | miwah saturun-turunne | yèn turune dadya gung | amarentah marang wong cilik | aja sadaya-daya | dadi nora tulus | saênggone dadi cacat | aja nacah parentah marang wong cilik | aja sawiyah-wiyah ||

15. Aja sira watak wani-wani | aja sira watak ngajak tukar | aja ngandêlkên ngèlmune | aja sira anguthuh | aja ladak aja ajail | aja doyan sêmbranan | dadi wong katutuh | niniwasi dadènira | lamun ana wong patrap dipun awêdi | malati iku uga ||

16. Balik iku lah tirunên kaki | janma patrap sira kasihana | sira araha sawabe | ambêrkati wong iku | nora kêna yèn dipun aji | tirunên lagi wênang | pambêkane alus | yèn angucap ngarah-arah | yèn alungguh nora pêgat ngati-ati | nora sawiyah-wiyah ||

17. Aja sira watak suka singgih | aja sira kapengin kêdhotankêdhaton. | kukuwasan§ Kukuwasan: bokmanawi sami kaliyan / kumawasa. apadene | aja sira madhukun | aja (n)dhalang aja agrami | aja budi sudagar | aja budi kaum | janjine jakat lan pitrah | dipun suda padune cukêng abêngis | iku kaum kang nyata ||

18. Kumbah surakah cukit adulit | iya jagal mêlantên amêrna | iku nora dadi gêdhe | sirikên ujar iku | ing wong urip dipun tabêri | mapan katêmu basa | pan katêmu sêmu | mapan katêmuning ulat | atining wong kang ala lawan kang bêcik | kang jujur antêng cahya ||

19. Kawruhana janma kang kakiki | iya iku guruning pandhita | nora katara lakune | tan cêgah tan asaum | nora tapa nora amutih | sangking prayitnanira | ing ngawake iku | prayitna ing ngawakira | mung sanake puniku kang dènwêdèni | sanake iku jagat ||

--- 1 : 87 ---

20. Banyu bumi aginangin. lawan langit | srêngengene kalawan rêmbulan | punika sanake kabèh | janma kang salah iku | iya iku satrune nênggih | mulane ana lara | walat kang tinêmu | janma kang jujur punika | lanang wadon punika sanake singgih | mulane ana sawab ||

21. Kang satêngah kang durung sayêkti | dènnya amrih budi kapandhitan | pijêr wayang-wuyung bae | tansah ngalor angidul | mêndhak-mêndhak saba wong sugih | ngèlmu ginawe kasab | angucap (ng)gadêbus | angincih darbèking liyan | nora wêruh awake kalêbon eblis | dadi wong ngayawara ||

22. Apan cêgah jênênge ing ngèlmi | kang asaba omahe nangkoda | miwah mantri apadene | lumuh kêna ing siku | dènnya amrih budi lêstari | budi marang kararjan | ing beka tan keguh | bekane ing wong ngulama | pan kapencut marang ingkang mêlik-mêlik | dadine ngandhap-andhap ||

23. Yèn ngantiya kasor ingkang ngèlmi | pan duraka jênênge ngulama | wus awak buta ragane | wus linglung kadalurung | nora wêruh kêna piranti | tansah karya paekan | dènnya anjêjaluk | datan etang jiwa raga | (m)babêntusi dènnira amrih pakolih | sumrênyuh lakonira ||

24. Anglakoni karyane kang dènprih | iku sing wong tan wêlas ing badan | tan asih maring jisime | dadi banjur kalurung | nora antuk wahyuning ngèlmi | lakune lalawora | tansah wayang-wuyung | mung melik ingkang dènancab | durung wêruh ing laku sikuning ngèlmi | polah sadaya-daya ||

25. Pangrasane wus bênêr kang ngèlmi | tan angrasa lamun ingèsêman | marang sujanma kang luwèh | iku wong kumprung pêngung | nora wikan kêna piranti | sabab wus ati setan | lakune wus liwung | pangarahe tan riringa | wus kalulun atine kalêbon eblis | wus tan wruh isin wirang ||

26. Apan kathah pan bekaning urip | dènnya amrih pakolihing badan | amrih kuncara ngèlmune | mêlèke sabên dalu | tansah agung acêgah bukti | andhap-asor kalintang | èsême lir dhuyung |

--- 1 : 88 ---

ulat manis ati sabar | dadi gêndam èsême guna piranti | ênênge salah cipta ||

27. Tan mangkana ingkang sampun yêkti | badan iki ingkang kadi sarah | anèng lautan pamane | apa umbaking banyu | sarah anut umbaking warih | iku jênêng kawula | tan darbe karsèku | anging purbaning Pangeran | tanpa karsa kalimput marang sawiji | wus kèrêm ing sagara ||

28. Nora nana dènparani ati | pan wus liwung tan darbe Pangeran | pan suwung jati kawruhe | datan dulu-dinulu | tan amanggih datan pinanggih | tan paran tan pinaran | wus tumêkèng suwung | sasolahe pan asamar | nora nana kang kaduga anampani | liwung kadya wong edan ||

29. Wusing tamat radyan anungkêmi | padanira Kyagêng Pariwara | waspa drês alon ature | dhuh babo sang awiku | karsa paring pituduh jati | asru panuwun amba | kapundhi ing ngêmbun | amung pangèstu paduka | kasawaban ing sabda ri sang linuwih | tumancêpa ing nala ||

30. Kyai agêng angandika malih | patilasan dibyane Jêng Sela | têka ing samêngko isèh | dongènge duk ing dangu | panamarepanamure. laku tatanin | sasawah nanêm gaga | ing sawiji wêktu | sabakdane salat Ngasar | marang sawah papaculira cinangking | praptaning pasabinan ||

31. Gya tumandang wus adatirèki | lajêng mêndhung riwis-riwis jawah | kagyat gêbyaring calèrèt | kiyagêng maos gupuh | subganalah nulya kaèksi | kaki-kaki lumarap | jêng kyai tan keguh | tan samar marang kang prapta | pinurugan pandhapan dènnya lumaris | si kaki wus cinandhak ||

32. Wus kaasta jumêgur swarèki | ingkang pindha kaki-kaki ika | apan gêlap satuhune | ingêrut gandri gupuh | kyai wangsul anambut kardi | si gêlap gêdabigan | datan bisa ucul | sabanjure katur sultan | ing Bintara banjur kinunjara wêsi | tan lami ana prapta ||

--- 1 : 89 ---

33. Nini nyangking bêruk isi warih | amurugi maring pakunjaran | toya gya siniratake | wus sirna kalihipun | tinggal swara anggêgêtêri | kunjara wêsi rusak | mawut anggalêpung | dadya kondhang sanagara | Kyagêng Sela sanyata lamun linuwih | bisa anyêkêl gêlap ||

34. Uwit gandri kang kaanggo (ng)godhi | sauwise gêlap katur nata | dadya murub mèntèr-mèntèr | kiyagêng adhadhawuh | marang putra wayah myang abdi | padha sira (n)jupuka | gêni gêlap iku | anggonên dadamar omah | insa Allah kinajrihan gêlap yêkti | marma ywa pêjah-pêjah ||

35. Ing saiki gêni gêlap maksih | ingkang durung katular-tumular | anèng pasareyan (ng)gone | apan ta sabên taun | manira tur tularan api | kunjuk jêng sri pamasa | maring ing Mantarum | sawah kang ginarap swarga | mung sabau catur kêdhok dèn arani | si Mêndhung mula aran ||

36. Awit sabên (ng)garap kangjêng kyai | banjur mêndhung rong kêdhokke aran | Subganalah katêlune | Pandhapan arannipun | pate kêdhok ing Gêlap nami | katêlah têkèng mangkya | gandri kang katunu | sirna namung lêmahira | ngilak-ilak tan thukul katang myang têki | iku caritanira ||

37. Anjabane ngolah têgal sabin | marang kulawangsa amumulang | agawe blêng myang uyahe | gawe nila nanandur | kêmbang pulu kalawan maning | anandur kang jujutan | marna bênang alus | sutra kang bakal kinarya | cindhe gêdhog ngadani yasa dhapuring | omah joglo limasan ||

38. Nganggit-anggit corèke kang lurik | tuwuhsela têlu lima lawan | badra sapanunggalane | abah-abah pinatut | winuwuhan wangunanèki | anguripkên petungan | sing pasitèn iku | nguni kang miwiti etang | sri Manuhun nanging tan ana praduli | dadi wite kalakyan ||

39. Eyang Sela tumêka saiki | lêmah dadi sanggane wong juga | ingaran sabau kuwe | gawene wong ro iku | diarani cacah sakikil | gawene uwong papat | ngaran cacah sak-jung | piridan

--- 1 : 90 ---

petungan jagal | sampil siji sabau dwi sampil kikil | sampil pat sak-jung rannya ||

40. Dhasar sugih kawignyan myang lantip | ya Ki Ngabdurakhman Kyagêng Sela | prayoga prêdinên jêbèng | grendanên tyasirèku | sukur bage bisa nyèplêsi | orane mung mirida | lalabuhanipun | kajabèku patilasan | angratani dadi wasiyat narpati | sri nata Ngèksiganda ||

30. Sinom

1. Mangkana tyasira radyan | dupi myarsa andikaningngandikaning. | Kyai Agêng Pariwara | dadya supe dhahar guling | ing nala kang kalingling | amung sihira Hyang Agung | rum manis aturira | kiyagêng lamun marêngi | dasihipun arsa dumugèkkên lampah ||

2. Paduka kantuna arja | kawula anyuwun pamit | iya kulup hywa pêpeka | ingsun nyangoni basuki | sawusnya mangênjali | sasalaman nulya mundur | Gathuk Gathak pamitan | wus linilan kalihnèki | ruruntungan tan pisah lan bêndaranya ||

3. Ngalèr ngilèn lampahira | wanci ngajêngakên Mahrib | praptèng Gubug padhêkahan | anon urube kang api | nèng satêngahing sabin | kinubêng ing mandera gung | ana panti kang cêlak | dhapur masjit cakêt api | Dhatuk Bahni ing Marapi kang atêngga ||

4. Wikan lamun kadhatêngan | gya mijil sangking ing panti | wus pinanggih lan rahadyan | samya sasalaman katri | ki Dhatuk ngandika ris | katabêtan ingkang rawuh | sru bêgja kêmayangan | de ana kang sudi kampir | mring asonya mas putu pundi pinangka ||

5. Lawan sintên kang sinambat | paran kang sinêdyèng kapti | rahadyan matur prasaja | kula nama Jayèngrêsmi | de rencang kula kalih | pun Gathak lawan pun Gathuk | ing Giri kalairan | tan ana sinêdya ngati | ambalayang ngupadosi dwi kakadang ||

--- 1 : 91 ---

6. Mangkya pados pasipêngan | pramila bilih marêngi | nyukêri jogan paduka | ki Dhatuk latah dènnya ngling | dhuh babo wong asigit | sampun kang sipêng sadalu | sanadyan salaminya | kêparêng dhadhêkah ngriki | iba-iba pun kaki bingah ing nala ||

7. Wawi ngambil toya kadas | sêdhêng wancinira Mahrib | wusing kadas Gathak adan | paragat waktu Mahribi | pujiyanira ngênting | sampêt waktu Ngisanipun | wusing bakda salaman | lajêng lalênggahan sami | wus ambanjêng sugatanira ki wisma ||

8. Liwêt kêtan panggang ayam | cinocoh ing santên kanil | winadhahan panjang ilang | sambêl windu saking miri | linêmêng bumbung pêting | gula siwalan nèng ngêmpluk | wedang sêkar sridênta | Ki Dhatuk wacana manis | wawi bagus pun kaki atur sugata ||

9. Sapala amung kinarya | lumayan aywa kalantih | pikantuk dènnira dhahar | linorotkên marang abdi | rahadyan matur aris | ing wau kula andulu | siti rêsik arata | gumrêbêg umêdal agni | urubipun ingkang acêlak bantala ||

10. Warni ijêm biru jênar | kadya sêkaran tinêpi | inggiling urub saasta | wiyarira sawatawis | cakêt lawan Marapi | wontên sela alus bagus | kadya umpaking wisma | Ki Dhatuk ngandika manis | ing Marapi kang murub mangalat-alat ||

11. Wawi bagus pinurugan | wus mêdal sangking ing masjit | kêrit ki Dhatuk lampahnya | prapta cêlaking Marapi | Ki Dhatuk malbèng gêni | ingusêg suku wus lampus | pêtêng dhêdhêt limêngan | tan dangu gya murub malih | Dhatuk Bahni wacana lah Gathuk Gathak ||

12. Usêgkên suku lir ingwang | lamun mêngko uwus mati | sulêtên sadhengah-dhengah | pasthi banjur murub maning | Gathak Gathuk turnèki | dede pabênan (m)bah Dhatuk | latu kangge mainan | jabakneya yèn kiyai | bilih kula yêkti kobar dadi wangwa ||

--- 1 : 92 ---

13. E ta mara lakonana | Gathuk jinorogkên aglis | mring Gathak dhawah kalumah | cakekalan dènnya tangi | tan ana raosnèki | wus ingusêg suku lampus | sinulêt nulya gêsang | nahan toyanira sabin | gya ngêlêbi sadhêngkul lêbêting toya ||

14. Latu maksih kantar-kantar | anèng sanginggiling warih | rahadyan asru kagagas | kaelokaning Hyang Widdhi | kadiparan kiyai | mila bukane rumuhun | ki Dhatuk Bahni lingnya | wikana ulun tan uning | wau umpak punika duk jaman Dêmak ||

15. Adêge mêsjid ing Dêmak | para wali kang ngadani | Jêng Susunan Kalijaga | kabageyan umpak siji | pambêkta praptèng ngriki | sampun wanci bagdabakda. Subuh | ing mangka datan kêna | kêbyaran adêging masjid | gya tinilar mangkya dadya panêngêran ||

16. Sintên wonge kang kuwawa | anjunjung sabari linggih | kalakyan sasêdyanira | suwawi yèn badhe nyobi | rahadyan turirèki | amung ngalap bêrkahipun | linuhung waliyolah | kaecan dènnya ningali | ing Marapi dadya tan wangsul mring wisma ||

17. Rahadyan matur tatanya | kula mirêng caritaning | ing nagari Ngèksiganda | têlênging karaton Jawi | yèn arsa mangun kardi | amikramakakên sunu | dêging tarub ingetang | myang wulanya kêdah milih | ing karêsmèn pados dintên kang prayoga ||

18. Inggih bagus dhasar nyata | sanadyan ing dhusun ngriki | sabên ayun darbe karya | sami tatanya mring mami | wulan ingkang prayogi | kangge andhaupkên sunu | piridan sangking Arab | miwah etangipun Jawi | pan kinumpul supadi manggih widada ||

19. Adêging tarub punika | pêpitu etanganèki | awite tanggal sapisan | tarub-ratu dèn wastani | tanggal kapindho nênggih | seluman-lanang rannipun | ping tiga seluman-dyah | ping pat rahayu basuki | kaping lima rahayu salamêt tama ||

20. Kaping nêmme pati-lanang | kaping pitu pati-èstri | ping wolu sami sapisan | têkèng sapiturutnèki | mangkya ingetang sami | kaping sapisan ping wolu | limalas rolikur lan | sangalikuripun nênggih | pan ingaran tarube sri naranata ||

--- 1 : 93 ---

21. Pindho sanga ping nêmbêlas | têlulikur tridasèki | seluman-lanang ingaran | ping tiga sadasa tuwin | [...] |Kurang satu baris: kaping pitulas yêkti [sumber : koleksi Jurusan Sastra Daerah UNS]. seluman-wadon puniku | kaping pat ping sawêlas | wolulas salawe nênggih | apan sami rahayu kawilujêngan ||

22. Kaping lima kaping rolas | sangalas nêmlikur sami | rahayu tur karaharjan | ping nêm ping têlulas tuwin | dwidasa saptakuring | ngaran pati-lanang iku | ping pitu ping patbêlas | slikur wolulikur sami | ingaranan pati wadon tan prayoga ||

23. Samonoku nyingkirana | sangar naas gung myang tali | -wangke sampar-wangke miwah | dhêndhan-kukudan lan mawi | sangat adêgirèki | ingkang saka awitipun | sarat nganggeya saka | dhadhap srêp têka satunggil | kang prayoga prayogine dèn anggeya ||

24. Satunggal tarubing-nata | agême jêng sri bupati | kalihe seluman-lanang | tri seluman-wadon nênggih | sami datan prayogi | kaping sakawan rahayu | kaping gangsal raharja | punika sami prayogi | kaping nênêm pati-jalêr tan prayoga ||

25. Kaping sapta patining-dyah | ugi tan sae pinanggih | petang sapta yèn sri nata | kang kagêm petang satunggil | sanèse narapati | petang sakawan puniku | kalawan etang gangsal | punika salah satunggil | kang kinarsan dene wulane kawinan ||

26. Wontên sabdaning Utusan | adhawuh ing para mukmin | dèn padha angawruhana | ing wong salaki-rabi |Kurang satu suku kata: ing wong kang salaki-rabi. amanggih papa nênggih | lamun awon wulanipun | raharja manggih suka | lamun sasinipun bêcik | prayogine dèn sami nyumêrêpana ||

27. Lamun Mukaram dohêna | tyang akawin laki-rabi | utangan ngalamatira | wulan Sapar tan prayogi | wikana kang pinanggih | Rabingulawal kang tèngsu | pêjah salah satunggal | yèn wulan Rabingulakir | manggung runtik tansah arêbat suwala ||

28. Ing wulan Jumadilawal | antuk druhakèng Hyang Widdhi | tur akêrêp kapandungan | jinahan pakartinèki | yèn kawêntara yêkti | anandhang wiwirang gung | Jumadilakir wulan | sugih êmas lawan picis | wulan Rêjêb kadadèn anak lan dunya ||

--- 1 : 94 ---

29. Ing wulan Sakban raharja | sakgawene nêmu bêcik | wulan Ramêlan duraka | kathah pandamêling eblis | wulan Sawal tan bêcik | gêringan pakantukipun | ing wulan Dulkangidah | asring susah ngliliwati | wulan Bêsar raharja sasolahira ||

30. Iki karêsmèn winarna | kang pangandika Jêng Nabi | salalah ngalèhi salam | rikala amituturi | dhatêng kang putra èstri | Siti Patimah kang luhung | lawan dhadhawuh marang | putra mantu Sayit Ngali | raliyalahu nganhu babing masalah ||

31. Ing wong karêsmèn lan garwa | èh Ngali pituturmami | aja sira asanggama | tanggal pisan lawan malih | ing wêkasaning sasi | nora bêcik karonipun | iku kalamun dadya | anake mêtoni cilik | lawan aja asanggama tanpa damar ||

32. Lamun dadi sutanira | balilu kurang kang budi | lawan aja asanggama | dina Akat lan wêngining | iku kalamun dadi | pan durjana larenipun | lawan aja sanggama | ing dina Rêbo tan bêcik | lan wêngine yèn dadi bocah cilaka ||

33. Lawan aja asanggama | wêktu pajar nora bêcik | lamun dadi larenira | tuna-liwat larenèki | lan aja karon rêsmi | nalika tangangetêngange. iku | kalamun dadi bocah | dadi juru têluh ugi | lawan aja sanggama malêm riyaya ||

34. Wit ri lamun dadi bocah | duraka mring bapa bibi | lawan aja asanggama | malême riyaya iki | Bêsar kalamun dadi | bocah siwil adatipun | lan aja asanggama | ingkang katlorong Hyang Rawi | lamun dadi bocah adoh bêgjanira ||

35. Lan malih aja sanggama | sambi ngadêg datan bêcik | mangka lamun dadi anak | duwe lara bèsèr benjing | lan aja karon rêsmi | nalikane dina Saptu | miwah ing wêngènira | iku lamun dadi bayi | bilaine adate kalêbèng toya ||

36. Lan aja sanggama sira | sambi ngusapi parêji | miwah dakar iku aja | ngusapan lawan jêjarik | mangka kalamun dadi | bocah kurang budinipun | lan aja asanggama | sambi rarasan tan bêcik | mapan bisa adate yèn dadi bocah ||

37. Lawan aja asanggama | kalawan ningali parji | lamun dadi larenira |

--- 1 : 95 ---

wuta adate puniku | lawan aja karêsmin | nèng ngisor wit-witan iku | kang pinangan wohira | yaiku kalamun dadi | larenira panggaweyane niaya ||

38. Lawan aja asanggama | malêm Barahat tan bêcik | lamun dadi larenira | anandhang lara tan mari | iya kalawan malih | aja sira karon lulut | ana ing panginêpan | puniku kalamun dadi | larenira abangêt cilakanira ||

39. Lan aja sanggama sira | anuju kèlling pawèstri | lamun dadi larenira | budhug adate kang sakit | poma Ngali dèn eling | imanêna tuduhingsun | èh Ngali sanggamaa | malêm Sênèn iku bêcik | myang rinane apan iya bêcik uga ||

40. Lamun dadi larenira | watêke sarêgêp ngaji | lawan sira sanggamaa | ing malêm Sêlasa bêcik | lawan raina bêcik | lamun dadi bocah iku | akèh wong ingkang trêsna | lawan sanggamaa Ngali | malêm Kêmis miwah arainanira ||

41. Lamun dadi sutanira | pan akèh bêgjanirèki | lawan sira sanggamaa | ing malêm Jumungah bêcik | nadyan raina bêcik | lamun dadi sutanipun | apan sugih kabisan | lan sanggamaa sirèki | sadurunge lingsire dina Jumungah ||

42. Utawa ing Kêmis dina | karone iku ta bêcik | yèn dadi atmajanira | dadi pangulu lan malih | sinunatakên ugi | ing wong asanggama iku | yèn amaca bismilah | hirakhman ya nirakimin | lan amaca tangawut pan sunat uga ||

43. Yèn tan amaca bismilah | nalika arêp sahwati | lamun dadi sutanira | balilu tuna kang budi | mila yèn arsahwati | dêrênge (ng)genenggène. tangawut | mênèk ana panjanmaning | satru kang dèn kawruhi | dipun sami ngèstokkên Kadis asmara ||

31. Asmaradana

1. Lan wontên kaol mèngêti | lamun arsa sacumbana | lan garwa miwah sêlire | anyingkirana ing dina | Saptu Lêgi ya aja | akarêsmèn dina iku | awon adate yèn dadya ||

--- 1 : 96 ---

2. Larene agadhah sakit | edan kang wus kalampahan | ana dene panyirike | namung sadalu sasiyang | lan maninge ya aja | acumbana wêngènipun | ingkang garêbêg titiga ||

3. Punika pan botên bêcik | lamun dadi larenira | sok gadhah ayan sakite | lan malih lamun cumbana | lan wanodya kèl aja | lamun dados putranipun | sok (ng)gadhahi sakit barah ||

4. Poma dèn sirika ugi | yèn wong wadon lagi tarab | aja sok gramah-guramèh | yèn durung adus-kèl aja | dèn ajaka cumbana | lamun sangêt karsanipun | pan angur golèka liya ||

5. Dene ta ing Tumpak Manis | lan bêngi garêbêg tiga | singgahana aywa supe | kalamun sangêting karsa | têka dèn bêtahêna | kadar pira mung sadalu | yèn wis bakda cumbanaa ||

6. Kadi ta ing Tumpak Manis | sadalu lawan sasiyang | bêtahêna aywa supe | kadar pira mung sadina | sawêngi ngarah apa | ujubêna tapa iku | acacêgah lan wanodya ||

7. Poma dèn èngêt hya lali | hywa na ingkang sêmbrana |Kurang satu suku kata: haywa na ingkang sembrana. ing wong tuwa wawalêre | lan wajib ingèstokêna | mangsa silih doraa | lan wontên utamanipun | lamun arsa acumbana ||

8. Mapan ta kêdah amilih | nujua dina Jumungah | kang tan sangar taliwangke | miwah naas singgahana | krêsmèna bakda Luka | yèn wus krêsmèn banjur adus | lajêng mêtoni Jumungah ||

9. Punika kalamun dadi | tuture wong tuwa-tuwa | kathah kang dadi masalèh | miwah ta dadi ngulama | tanapi kèh kabêgjan | titi tamat sêrat pemut | prayoga dèn èstokkêna ||

10. Gathak Gathuk anggaligik | ngacêmut ririh rarasan | Gathuk Ki Dhatuk ature | mring bêndara bab ngononan | gèk basa banjur ora | Gathuk ririh sauripun | ah wong tuwa iku lumrah ||

11. CobakCoba. dak matur kiyai | kajaba kang wus kawêdhar | apa iya ana manèh | sirikan anon-anonan | Gathak majêng manêmbah | rèrèh ririh dènnya matur | dhuh jêng kyai apuranta ||

12. Kamipurune pun patik | anyuwun ing sarêrêpansasêrêpan. | kajawi kang wus kawiyos | sirikanipun sanggama | Ki Dhatuk mèsêm nabda | kacung sirèku amêncul | ana maning linarangan ||

--- 1 : 97 ---

13. Wong tuwa kang duwe peling | pan kinon anyinggahana | sacumbana lawan lonthe | miwah lan talèdhèk aja | dèn ajak sacumbana | apan awon tilasipun | akathah kang sakit bêngang ||

14. Lan kaping kaliye malih | asring sakit rajasinga | ting cramumuh ting panyènyèh | yèn munjuk dhatêng ing grana | sok pisêg adatira | yèn mring netra dènnya munjuk | akathah kang sakit wuta ||

15. Ana malih dèn singgahi | sacumbana lan wanodya | ingkang awon pratingkahe | sanadyan silih ayuwa | tan pantês kinêdanan | yèn wus lara kèh kang nutuh | nora nana wong ngalêma ||

16. Nadyan awona sathithik | kalamun antuk parawan | mundhak ngêncêngake otot | pae lan randha wulanjar | tan mundhakake kuwat | namung mirit sampun gambuh | nora susah ajar-ajar ||

17. Ewa mangkono tan kêni | sasênênganing manungsa | pan sêptane dhewe-dhewe | ana kang sêpta mring randha | sawênèh sêpta wlanjar | sawênèh ana wong iku | arêmên rabi planyahan ||

18. Ciptane sajroning ati | rina wêngi digarapa | prandene yèn ngadêg pulèh | nyambuta-gawe sadina | sak jampêl mangsantuka | nalèdhèk bae sabêdhug | olèh kaya têlu têngah ||

19. Miwah lamun sanja bêngi | tan susah nganggo pawitan | mung kêmbang pupur lan borèh | tapih kêmbên sok gantraa | prandene kèh kang tumbas | pan ora nganti sabêdhug | olèh opah limang uwang ||

20. Mulane ana nglakoni | ambuwang isin lan wirang | arabi tlèdhèk myang lonthe | pan ora kêna dèn wora | karêpaning manungsa | apan ta sampun asnapun | warna-warna beda-beda ||

21. Warna-warna rupanèki | beda-beda karêpira | nora kêna dèn worake | seje badan seje nyawa | yèn kêna dèn wor-wora | kang tunggal badan nyawèku | prandene tan rujuk karsa ||

22. Kaya mata lawan pêli | miwah wêtêng lawan badan | duwe karêp dhewe-dhewe | matane arsa anendra | wêtênge arêp mangan | badane bangêt alêsu | pêline angajak sahwat ||

--- 1 : 98 ---

23. Lawan ana peling maning | yèn marêngi acumbana | mring garwa miwah sêlire | aja ngakèhkên gêndhingan | tan bêcik lamun dadya | anggalidhig larenipun | adate kang wus kalakyan ||

24. Lan kaping pindhone maning | kalamun jroning cumbana | aja sinambi calathon | guguyon kang tan prayoga | tan bêcik lamun dadya | larene juwèh puniku | wartane wong tuwa-wuta ||

25. Mulane lamun karêsmin | aja ngakèhkên guguywan | balik dèn rêsik badane | miwah ta ingkang sandhangan | wêwangi anganggoa | lamun dadi larenipun | rêsikan pênêt kang warna ||

26. Lan manèh jroning sahwati | kalamun kapêntut ala | yèn dadi nyêngit anake | mulane kalamun sahwat | yèn ngêntut dèn pocota | lamun êntut uwis mêtu | enggal nuli balèkêna ||

27. Mula aja akarêsmin | yèn durung rêsik kang badan | tangi turu banjur nyêmplo | nora nganti mring pakiwan | yèn dadi tan prayoga | larene warnine kêthuh | carobo ala kang warna ||

28. Lawan ana peling maning | kalamun mêntas amangan | aja sok banjur karêsmèn | yèn durung mêdhun kang sêga | ala marang sarira | anduwèni lara watuk | punika kang wus kalakyan ||

29. Dene ta gampanganèki | kalamun mêntas mamangan | maksih karasa warêge | aja wani-wani sahwat | yèn wêtêng durung lêga | kalamun drêng karêpipun | têka bêtahna sadhela ||

30. Gathak Gathuk duk miyarsi | gumuyu alatah-latah | kapingkêl atos wêtênge | rahadyan mèsêm kewala | Dhatuk Bahni lingira | kacung niku pancèn saru | apan (ng)gunêm calêmêtdan ||calêmêdan.

31. Rahadyan ngandika aris | punika langkung prayoga | wantah datan mawi tèdhèng | dados gampil linampahan | suwawi linajêngna | rèhning ing ngagêsang tamtu | Ki Dhatuk (n)dhêku turira ||

32. Utami bilih nyingkiri | naas Nabi wulan Sura | tanggal kaping triwêlase | punika nalikanira | Nabi Brahim binakar | kaping tiga wulan Mulud | tinurunkên Nabi Adam ||

33. Nêmbêlas Rabingulakir | Nabi Yusup nalikanya | linêbêtakên sumure | Jumadilawal ping gangsal | Nabi Nuh nalikanya | kinêlm [ki...]

--- 1 : 99 ---

[...nêlm] ing jagadipun |Kurang satu suku kata: kinêlêm ing jagadipun. ping salikur wulan Siyam ||

34. Kalamolah Musa Nabi | kala kalêbèng samodra | Sêla kaping patlikure | Nabi Yunus nalikanya | inguntal ulam lodan | Bêsar ping salawe nuju | Jêng Nabi kakasihing Hyang ||

35. Muhkamad ingkang sinêlir | kinrutug sela wong kopar | rêntah kakalih wajane | dene kang kikrik ing petang | sabên wulan kewala | asal tanggalnya panuju | kaping tiga kaping gangsal ||

36. Triwêlas nêmbêlas tuwin | salikur patlikur lawan | tanggalipun ping salawe | sami cinêgah sadaya | kalawan sangar wulan | sataun pinara catur | Pasa Sawal Dulkaidah ||

37. Jumungah sangaranèki | Bêsar Sura lawan Sapar | Saptu Akad sangarane | Mulud Rabingulakir myang | wulan Jumadilawal | Sênèn Slasa sangaripun | Madilakir Rêjêp Ruwah ||

38. Sangaripun Rêbo Kêmis | Rahadyan aris ngandika | kathah têmên petangane | yèn makatên kêdah tamban | datan kenging dinadak | o bagus (ng)gih-ênggihipun | kèndêl dènnira raosan ||

39. (n)Dungkap wanci pajar gidib | samya ngambil toya kadas | nulya prêlu wêktu Suboh | paragat dènnira wêkdal | rahadyan ngaraspada | dhuh Ki Dhatuk Bahni tuhu | asung kakanthining gêsang ||

32. Kinanthi

1. Kalangkung gunging panuwun | paduka sung têdah jati | pênêt awoning pakaryan | wênang mokaling sanggami | kang sayogya linampahan | patut linaluri-luri ||

2. Ing mangkya kawula nyuwun | lilahipun sang linuwih | pamit (n)dumugèkkên lampah | kyai kantuna basuki | muhung pangèstu paduka | rahayune lampah mami ||

3. Dhatuk Bahni ngandika rum | dhuh mas-putu wong asigit | sampun kirang pangaksama | ulun sung puja basuki | ing lampah ywa kasangsaya | miwah ingkang dèn padosi ||

--- 1 : 100 ---

4. Sami manggiha rahayu | ramanta kang nèng Mantawis | antuka nugrahèng nata | wangsul (m)bawani ing Giri | sinuhun ing kulawarga | têtêp kadi nguni-nguni ||

5. Radyan (n)dhêku matur nuwun | ri wusira manganjali | atur salam mring sang tapa | Gathuk Gathak angabêkti | sawusing sinungan salam | katri mundur sangking ngarsi ||

6. Kyai Dhatuk ingkang kantun | kumêmbêng waspanya mijil | kaya-kaya nututana | labêt sru trêsnaning galih | tan cinatur kang kabyantan | asruning sih mring tatami ||

7. Radyan lampahira laju | ngalèr ngetan sawatawis | Hyang Surya wus nunggang arga | mungup arsa amadhangi | ing saisining kanang rat | mawèh enggaring panggalih ||

8. Ing pagagan wus kapungkur | tumamèng ing wana wêrit | kèh rawa kang kaliwatan | ngancik sukune kang wukir | talatah krajan Undhakan | dhukuh Prawata kaèksi ||

9. Radèn ngandika mring Gathuk | payo padha dèn parani | padesan kang katon ika | lajêng lampahira katri | praptèng sajawining dhadhah | kèndêl satêpining bèji ||

10. Kayoman ing nagasantun | pinagêran ing wratsari | winêngku ing sela krêsna | radyan ngambil toyastuti | wêktu Ngasar wus paragat | saluku sêpining bèji ||

11. Gathak Gathuk manthuk-manthuk | mêtêki sampeyan kalih | rêngêng-rêngêng sêsingiran | tan ana tinahèng galih | têntrêm raosing sarira | wauta ingkang winarni ||

12. Lurah ing Prawata dhusun | kakasih Ki Darmajati | Darmawati nyainira | atmaja èstri satunggil | paparap Wara Surendra | ing warna tuhu linuwih ||

13. Wingit ing pasêmonipun | kuning wênês amrakati | antêng ruruh tur jatmika | lantip ing wêweka titi | susila tyase ngumala | ujwala manthêr nêlahi ||

14. Ngrêrompyoh sêsinomipun | rêmarema. ngendrawila wilis | jangga lumung asêmbada | wêlar pranajanirèki | maya-maya sinatmata | lir pendah cêngkir pinginit ||piningit.

--- 1 : 101 ---

15. Awijang bêbaunipun | asta anggandhewa gadhing | wiraga nênangi brangta | yèn lumampah ngati-yati | ririh alon mêmbat madya | lambung mêmês kadyangganing ||

16. Tunjung lumembang ing ranu | kasilir ing angin-angin | wasis saliring pakaryan | kang winajibkên pawèstri | sang dyah tumutur ing rama | mring têgal arsa ngundhuhi ||

17. Lombok terong pare timun | kacang ceme myang kacipir | lumampah anèng ing ngarsa | kasorot ing Sang Hyang Rawi | mangu-mangu Sang Hyang Surya | dènyarsa tumamèng wukir ||

18. Kasêngsêm miyat sang ayu | dumadya mandhêg tumolih | sang dyah rara kampir sêndhang | têkèng satêpining warih | cangkelak wangsul trataban | ênar-ênar sênig-sênig ||

19. Kapanggih ing ramanipun | sarya awacana manis | rama aku tur uninga | ing kono têpining bèji | ana wong anyar kawuryan | linggih slonjor dipêtêki ||

20. Banèke kang mêtêk ngidung | Kinanthi siji nyênggaki | Ki Darmajati tatanya | dhenok jalu apa èstri | êmbuh rama ora tamat | ki lurah (ng)guguk lingnya ris ||

21. Hèh bokne Nok dèn agupuh | maranga têgal pribadi | kalawan atmajanira | sawuse sira ngundhuhi | apa saisining têgal | banjur olahên kang bêcik ||

22. Mênok angundhuha jambu | dêrsana kalawan manggis | kêpêl kokosan rambutan | dhuwêt pulih aja kari | lan dalima ingkang tuwa | jêruk kêprok salak mêdhi ||

23. Pêlêm santok sêngir madu | pilihana kang matêng wit | olaha jangan bêningan | sambêl jagung jangan mênir | pêcêl ayam kang kumanggang | lalaban cambah kêmangi ||

24. Bêtutu ayam ywa kantun | lan gorengan ayam èstri | gèsèk-kutug gêgêpukan | sambêl brambang lalab slèdri | kêkêcutan sunthi bawang | lawan katimun sumêrit ||

--- 1 : 102 ---

25. Wedang kahwa gula têbu | saringên têpastapas. kang rêsik | nyanyamikan puthu-têgal | carabikang mêndut koci | sêmar mêndêm buntêl dadar | kinopyok ing santên kanil ||

26. Sambêl gorèng kring ywa kantun | urang campurên lan ati | rambak kulite kang ayam | pêtis kang wus kok bumboni | sêga lêmês sêga akas | liwêt pitik jago biri ||

27. Wedang ronning blimbing wuluh | sing anyêp rêndhêmên warih | rêrêmikaning dhaharan | criping kaspe criping linjik | pisang gorèng nganggo gula | criping tela karag gurih ||

28. Wis mangsa bodho sirèku | pikirên lan bokmu nyai | aywa na ingkang kuciwa | Ki Darma lajêng mring bèji | wau rahadyan kang lagya | pinêtêkan abdi kalih ||

29. Ngandika mring Gathak Gathuk | sira mau muni tobil | banjur mlongo kêdhèp têsmak | Gathuk matur wontên janmi | wanodya warna yu endah | arsa tumamèng ing bèji ||

30. Tan dangu cêngkelak wangsul | kilap wau purugnèki | amung tilase lumampah | (ng)ganthêng kadya lintang ngalih | kintên kula waranggana | apêsipun putraning jim ||

31. Kèndêl dènnira umatur | praptane Ki Darmajati | nyakêti lênggahnya radyan | saha aturira aris | dhuh risang nêmbe kawuryan | kula anggèr nilakrami ||

32. Pundi pinangka sang bagus | sintên sinambating wangi | rahadyan arum ngandika | kula aran Jayèngrêsmi | santri nagri Surapringga | saking umiyat Marapi ||

33. Paman punapi pilingguh | lan sintên ingkang wawangi | Darmajati nama kula | lurahing Prawata ngriki | bilih kaparênging karsa | kawula aturi kampir ||

34. Dhumatêng ing sudhung ulun | paman kalangkung prayogi | mênggah dhepokipun paman | gapura ingkang kaèksi | o radèn dede punika | tilas karaton Jêng Gusti ||

35. Sultan ing Dêmak karuhun | paman ulun ayun uning | patilasaning ngawirya | wawi kula kang umiring | linggar saking ing patirtan | Ki Darma lumakyèng ngarsi ||

--- 1 : 103 ---

36. Minggah praptèng alun-alun | lir ara-ara waradin | kantun wringin kalih jajar | nulya minggah mring sitinggil | mangidul anon gapura | angongkang têpining wukir ||

37. Munggul sela gamping bagus | ingukir pinatrap rêmit | margi minggah dhak-undhakan | sela gamping kang kinardi | praptèng lêbêting gapura | Ki Darma aturnya mijil ||

33. Mijil

1. Lah punika wujuding kang puri | ing Dêmak sang katong | dados kalih jêng sultan kithane | bilih rêndhêng linggar dhatêng ngriki | wit Dêmak nagari | kalêban we jawuh ||

2. Yèn katiga wangsul mring nagari | nuntên kang ngadhaton | Susuhunan Prawata namine | akatêlah tumêkèng samangkin | karane kang ardi | Prawata puniku ||

3. Ascaryambêg rahadèn ningali | ingkang têmbing êlor | rawa wiyar ngandhaping parêdèn | lir samodra sinaba ing pêksi | pêl-opêl lan mliwis | blêkok cangak kuntul ||

4. Bangothonthong pêcuk cabak trinil | rang-urangan abyor | andon mangsan mina myang urange | panjrah kadi sêkar tinon asri | wus slêsih ningali | rahadyan tumurun ||

5. Amangilèn mring pinggiring rawi | anon sumbêr ayom | binalumbang binatur pinggire | sela pêthak kukubuk pasagi | sajroning botrawi | ingkang pojok catur ||

6. Pinasangan sela gilang langking | winangun ambanon | botên kaclop we têbah kaote | jroning blumbang bulus agêng alit | samya bêlang putih | ngambang tata turut ||

7. Isthanira nambramèng kang prapti | Gathak Gathuk gawok | kathik bulus samono akèhe | gêdhe cilik padha bêlang putih | iku kang nglurahi | êndhase sak gênuk ||

8. Darmajati aturira aris | punika sang anom | wasta Grudha tilas siramane | sultan adi ing Dêmak nagari | sela-gilang langking | palênggahanipun ||

--- 1 : 104 ---

9. Miwah sabên wêdal anèng ngriki | nadyan salat Lohor | datan bêntèr kayoman êronne | gayam nyamplung karèbèt waringin | sabên (ng)Garakasih | Jumngah malêmipun ||

10. Kathah ingkang tirakat mariki | dupa sêkar konyoh | nèng ngandhape kakajêngan (ng)gènne | mangga radyan mariksa ing bèji | wastanipun Jibing | pasiramanipun ||

11. Para arum kang samya umiring | ing jêng sang akatong | wus dumugi ing Jibing têpine | gasik rêsik ayom silir-silir | ri-wusnya udani | Darmajati matur ||

12. Sampun tapis ingkang dèntingali | sumangga sang anom | aso dhatêng pun paman wismane | anêntrêmkên rapuhing kang dhiri | radyan mituruti | kerit lampahipun ||

13. Ing pandhapi sampun dèngêlari | pandamira abyor | ngandhap talang lênggahe rahadèn | Gathak Gathuk nèng èmpèr pandhapi | Ki Darma mring panti | sanjang rabinipun ||

14. Sira dhewe ngladenana nyai | lan anakmu dhenok | gantèn êsês wedang dhaharane | mêngko bagdabakda. Ngisa wissa ngrakit | dhahar kang prayogi | dhayohmu linuhung ||

15. Darmawati sandika turnèki | sadaya wus mrantos | Darmajati mijil ngarsa radèn | datan dangu sugata lumadi | nyai anèng ngarsi | rara Mênok pungkur ||

16. Gupuh matur sarwi ngacarani | punika ingkang bok | nyai amba Darmawati ranne | ingkang wingking anak amba èstri | pêmbajêng (ng)gih ragil | tan na kadangipun ||

17. Pun Surendra naminipun yêkti | nanging karan Mênok | kidhung wagu tur awon warnine | labêt kogung wah têbih nagari | bodhone nglangkungi | amung lothung-lothung ||

18. Nyai sira ngaturna pambagi | marang ing sang anom | ingkang êmbok atur basukine | rawuhipun anggèr wontên ngriki | pangèstunta bibi | pan inggih rahayu ||

19. Nyai Darma anolih mring wuri | babo sira Mênok | ngabêktia ing suku nah anggèr | anyuwuna pangèstu glis laki | (n)tuk jodho pêrmati | slamêt panjang umur ||

--- 1 : 105 ---

20. Rara Mênok tan wawang ngabêkti | ing pada sang anom | tatag têtêg tan sêdhêng driyane | ngandikèng tyas Radèn Jayèngrêsmi | èdi bocah iki | ayu trus rahayu ||

21. Nora nana cacade samênir | pantês ambêg tanggon | kêmbar warna amung polatane | ruruh iki lan si Rancangkapti | wusing angabêgtiangabêkti. | rara Mênok mundur ||

22. Darmajati aturira aris | sumangga sang anom | kaparênga ngunjuk sawontêne | myang nyanyamik wêdalaning ardi | (n)dhêku Jayèngrêsmi | wedang wus ingunjuk ||

23. Sarwi dhahar cariping kaspèi | têlas tigang kêthok | Gathak Gathuk tan beda suguhe | kacung ngriku nêdha dènrahabi | bikut rarywa kalih | ngombe srupat-sruput ||

24. Angathêmil nyamikan pat piring | gasik lir sinapon | manjing Mahrib alinggar rahadèn | maring langgar ki wisma umiring | dumuginya masjit | Kyai Darma wangsul ||

25. Tata dhahar nèng bangku sinamir | tinutup ing lawon | dilah thonthor brênggala liline | rara Mênok ingkang ngrakit-ngrakit | rampunging pangrakit | (ng)gantèn cêlak bangku ||

26. Darmajati tatanya mring siwi | uwis rampung Mênok | rama uwis mung kari liwête | lan ngêngêti ingkang gajih-gajih | mêngko lamun uwis | lênggah (ng)gonku ngêdhuk ||

27. Kawarnaa kang ana ing masjid | Gathuk adan gupoh | bakda sunat kinamatan age | nulya parlu usali Mahribi | bakda apupuji | têkèng Ngisa-nipun ||

28. Bakda Ngisa radyan ngandika ris | Gathuk bocah wadon | kang dènujungakên mau kae | ayu êndi lan kang marang bèji | Gathuk matur sami | tan gèsèh sarambut ||

29. Eram kula lêganing sudarmi | datan walangatos | lan bocahe têka tatag têtêg | iya Gathuk ing panyawangmami | kana-kene sami | ngena-ngene suwung ||

30. Radèn Jayèngrêsmi ngandika ris | iku nora linyok | wus mangkono wong ngaurip kiye | kacihnaning tandhane sawiji | ngaurip puniki | tan na bedanipun ||

--- 1 : 106 ---

31. Kyai Darma mring langgar ngaturi | ing sang prawira nom | bilih sampun paragat pêrlune | bok-paduka (ng)gènnira sasaji | dhaharnya sang pêkik | mangkya sampun rampung ||

32. Jêng paduka ngaturan mring panti | radyan tindak alon | lajêng lênggah cakêt lan mejane | liwêt angêt lan ulam kang (ng)gajih | wus lumadyèng ngarsi | sadaya kumêbul ||

33. Nikèn Darmawati matur aris | anggèr ingkang êmbok | tur sugata sakawontênane | radyan (n)dhêku angandika aris | mangga paman bibi | prayogane kêmbul ||

34. Katri sarêng dènnira abukti | bikut rara Mênok | angimbêti ngladoskên janganne | sambêl ulam tan kêndhat linarih | Radèn Jayèngrêsmi | kang dhinahar agung ||§ Prayoginipun / amung /.

35. Sêkul liwêt sakluwak tan luwih | gèsèk tlas sajêmpol | lalap sunthi rong iris tan luwèh | wus dumugi dènnira abukti | atob wanti-wanti | Ki Darma angungun ||

36. Wus cinarik wowohan mangarsi | radyan mêndhêt gupoh | dhuwêt pêthak kakalih cacahe | gung ginlintir dhinahar sawiji | Gathak Gathuk bukti | angêndhoni sabuk ||

37. Dhadhaharan sawuse dumugi | mingsêr lênggah ngulon | Kyai Darma matur mring rahadèn | bilih parêng aso dhatêng panti | rèhning lir mas kentir | rahadyan umatur ||

34. Maskumambang

1. Sampun paman sakeca wontên ing ngriki | ndhêku Kyai Darma | ngandika marang ing siwi | ganten êsês ladèkêna ||

2. Wedang dharan lah-olahan saananing | rara Mênok tanggap | angladosi anèng ngarsi | sarbèt sinampirkên pundhak ||

3. Wus tinata Ki Darma angacarani | sumangga kadhahar | pun Mênok mangunahnèki | sisinaon olah-olah ||

--- 1 : 107 ---

4. Radèn mèsêm pangandikanira aris | klêbêt wajibing dyah | sagêd lah-olah sakalir | têgên rigên minta-minta ||

5. Wasis salir pakaryanipun pawèstri | raratus myang wêdhak | parêm tapêl pupur wilispilis. | konyoh jajampi racikan ||

6. Nyumêrêpi samuwaning anggi-anggi | pon-êmpon babakan | êron ingkang maedahi | ngyêktosi kanggening karya ||

7. Ngantih nênun nyulam nyongkèt andondomi | angraronce sêkar | (m)bathik nyoga (m)babar adi | mamantês isining wisma ||

8. Ngati-yati nastiti gêmi ing wadi | tan kirang tuladha | utaminipun pawèstri | nulad panêngên pangiwa ||

9. Ingkang lêbda dudugi lawan prayogi | watara riringa | siyang dalu kang kaèsthi | anut tuduhing sudarma ||

10. Bilih sagêd kadya ingkang ulun angling | winiwitan mangkya | sinau wisma pribadi | pinindha ngladosi priya ||

11. Bokmanawi wilujêng ing donya ngakir | punika paitan | têmbe angladosi laki | kantun pados kalangkungan ||

12. Manthuk-manthuk Ki Darma kalawan Nyai | Mênok rasakêna | ngandikane radèn iki | tanjêbêna ing wardaya ||

13. Iya rama antuka pangèstu yêkti | sabdaning utama | nyawabana lair-batin | bisane tampa nugraha ||

14. Kawuwusa saratri tan ana guling | eca lêlênggahan | sasambèn dhahar nyanyamik | wus wanci pajar gidiban ||

15. Radyan matur mring ki wisma Darmajati | paman (m)bujêng enjang | mangkya kula nyuwun pamit | ayun (n)dumugèkkên lampah ||

16. Paman bibi sami kantuna basuki | ing sapêngkêringwang | kang sinung ngling matur aris | kula (n)dhèrèkkên raharja ||

17. Gya salaman Ki Darma ngatag ing siwi | Mênok ngabêktia | sang dyah gupuh angabêkti | radyan arum angandika ||

18. Rara sira sun dongakakên ing Widdhi | tumulia krama | olèh jodho kang prêmati | kang tulus trahing ngawirya ||

--- 1 : 108 ---

19. Kang dalajat rêspati sudibyèng ngèlmi | bisa momong ing dyah | nyênêngkên tyasing sudarmi | sira kantuna raharja ||

20. Rara Mênok matur nuwun sru kapundhi | pangèstu paduka | Gathak Gathuk samya pamit | linggar saking palênggahan ||

21. Kyai nyai andhèrèkkên praptèng jawi | wus wangsul mring wisma | rara Mênok angukudi | nahan lampahira radyan ||

22. Kampir bèji wêkdal sêmbahyang Subêkti§ Prayoginipun / Subêki / = Subuh. | bakda pupujiyan | rahadyan lajêng lumaris | ngalèr ngilèn anir pringga ||

23. Krêdyating tyas kapencut arsa udani | ing masigit Dêmak | iyasaning para wali | tan cinatur laminira ||

24. Wus umangsuk praptèng palataran masjit | tan ana kang nyana | yèn punika putra Giri | kinira santri balaka ||

25. Minggah srambi wowolu sakanirèki | ingukir pinatra | bêtan saking Majapait | sangkalanira pinirsa ||

26. Kori loro gawening wong ungêlnèki |§ Taun Jawi: 1429. wiwara kang marang | masjit ingukir tulya sri | gambar gêlap pinarada ||

27. Tumpak kori sinêrat sangkalan muni | papatra kinarya | rupa gêlap tunggal nênggih |§ Taun Jawi: 1441. radyan manjing sigra-sigra ||

28. Dupi prapta anèng sajroning masigit | kalangkung anikmat | mupangat raosing dhiri | èngêt manthêng nungkul ing Hyang ||

29. Saka guru sakawan agêngnya sami | inggile sêmbada | gilig mêmêt ragi mêthit | agêngnya kalih rangkulan ||

30. Ingkang êlèr wetan sanès lan kang katri | nênggih wujud tatal | kinêmpal dados satunggil | gilig aluse warata ||

31. Yasanira Kangjêng Susuhunan Kali- | jaga kang minulya | mawèh tilasing nagari | karamating waliyolah ||

32. Saya gambuh rahadyan dupi udani | sinungan umiyat | kaelokaning Hyang Widdhi | sangandhaping panti kutbah ||

--- 1 : 109 ---

33. Rompyok-rompyok kathukulan glagah-wangi | lintange rahadyan | tan ana janma udani | pratandha calon nugraha ||

34. Sampun mêdal saking capurining masjid | lajêng lampahira | tan cinatur laminèki | ngancik laladan Japara ||

35. Praptèng suku wukir Murya ngongkang tasik | ing Sagara Jawa | wus manjat arsa udani | pucaking kang ardi Murya ||

36. Margi (n)dêdêr rumpil kapit jurang têrbis | rêkasèng lumampah | GathahGathak. Gathuk kêmpis-kêmpis | sakêdhap-kêdhap araryan ||

37. Dalu aso enjinge umangkat malih | tri ari tumêka | anèng sapucaking wukir | bawera anon samodra ||

38. Ing lampahe baita layar gagrami | ana labuh jangkar | ambêdhol jangkar lumaris | langkung asri tiningalan ||

39. Ing karajan padesan ngandhaping wukir | tinon karya rêna | rahadyan kagyat ningali | astana teja sumunar ||

40. Pinarpêkan uluk salam dènsauri | tahlil sanalika | radyan myang santri kakalih | bakda tahlil ana prapta ||

41. Kaki-kaki marpêki dyan Jayèngrêsmi | alon angandika | kyai kula nilakrami | paduka napa kang têngga ||

42. Lawan sintên ingkang sumare ing ngriki | alon saurira | inggih kula ingkang jagi | nama Buyut Sidasêdya ||

43. Kang sumare Jêng Sunan Murya wawangi | karaning astana | ing Muryapada puniki | namaning ardi ing Murya ||

44. Lah punapa paduka karsa nênêpi | dhuh ki Buyut baya | ing sêdya amung yun uning | pucaking kang ardi Murya ||

45. Rèh wus uning mangkya ulun nyuwun pamit | mandhap saking arga | Buyut Sidasêdya angling | puniki tanggêl ing lampah ||

46. Babo lamun kaparêng karsa sang pêkik | kampir dhepok ingwang | prayogi ing benjing-benjing | dintên sangate prayoga ||

47. Watêkipun kalakyan sasêdyanèki | tur manggih raharja | rahadyan dupi miyarsi | dumadya dhanganing nala ||

48. Sampun kerit dupi wus prapta ing panti | ki Buyut parentah | marang Gathak Gathuk santri | kacung aja taha-taha ||

--- 1 : 110 ---

49. Angambila pribadi sugata mami | otèk canthèl boga | jèpèn talês wi gêmbili | gêmbolo pohung katela ||

50. Gathak Gathuk tan lênggana gya lumaris | maring patêgalan | suka dènnya ngêngundhuhi | rampung gya tumamèng wisma ||

51. Ambakari jagung pohung uwi lêgi | wedang ronning kahwa | rinakit lumadyèng ngarsi | ki Buyut suka tumingal ||

52. Swawi bagus krana-lah sami nyênyamik | kêdahe nyunggata | sawontêne tiyang wukir | ijèn wus tridasa warsa ||

53. Jayèngrêsmi mèsêm wus adhahar uwi | mèsêm atatanya | wusing angundhuh sakalir | punika kagêm punapa ||

54. Kula angge sêdhêkah mring pêkir-miskin | awise kang têdha | sami dhumatêng mariki | sasukane dènnya mbêkta ||

55. Kula amung angèngèhkên kangge wiji | makatên lampahnya | tan sagêd sidhêkah picis | mamanise mung krowodan ||

35. Dhandhanggula

1. Lon umatur Radèn Jayèngrêsmi | kadiparan dintên kang prayoga | punapi wontên sanèse | utawi wancinipun | mawi milih mawi nyingkiri | ki Buyut angandika | punika masputu | etang minangka satiyar | angluluri nasehat ing nguni-uni | wiji saking ing Arab ||

2. Pan punika masalah ngawruhi | ingkang pangandika Nabiyollah | salalahu wasalame | sakèhe umatingsun | padha ngawruhana ing nginggil | pratingkah alulungan | miliya kang sarju | aja lungan tanggal pisan | tan na laba lungana tanggal ping kalih | pan iya olèh laba ||

3. Tanggal kaping tiga datan bêcik | tan na laba tanggal kaping papat | rêkasa anèng margane | tanggal ping lima iku | manggih laba kaping nêmnèki | tan manggih laba ilang | karyane wong iku | tanggal ping pitu prayoga | manggih rahmating Pangeran tanggal kaping | wolu agring ing paran ||

--- 1 : 111 ---

4. Tanggal kaping sanga manggih pati | lan pakewuh tur padha cumadhang | tanggal kaping sadasane | manggih laba rahayu | ping sawêlas apênêt ugi | tanggal ping kalihwêlas | tan ana labèku | tanggal kaping tigawêlas | olèh utang tanggal ping patbêlas bêcik | nèng paran manggih laba ||

5. Tanggal ping limalas ayu olih | êmas perak tanggal ping nêmbêlas | tan antuk laba tanggale | ping pitulas rahayu | ping wolulas pan laba manggih | tanggal kaping sangalas | pênêt pan rahayu | tanggal kaping kalihdasa | gêring marga tanggal ping salikur ugi | (ng)garêsah anèng paran ||

6. Tanggal ping rorikur ayu bêcik | tanggal têlulikur laba karya | tanggal kaping patlikure | pênêt ping limalikur | mapan ala tanggale kaping | nêmlikur gêsang pêjah | punika pinangguh | tanggal pitulikur ala | bakal tukar iya ananirèng margi | tanggal wolulikurnya ||

7. Olèh laba sangalikurnèki | manggih rahmat saking ing Pangeran | tanggal ping tigangdasane | manggih utang nèng purug | titi têlas masalah iki | ing wong kang alulungan | pangandika Rasul- | lolah salahiwasalam | dipun sami nastiti kadi puniki | inggih walahualam ||

8. Lampahira Kangjêng para Nabi | lamun badhe mangkat saking wisma | isarat ingkang kaangge | Jumungah akakêmu | lan asusur lampahing Nabi | Muhammad Rasullolah | lamun dina Saptu | punika angandhut lêmah | dinèkèkkên ing pusêr lampahing Nabi | Adam ingkang minulya ||

9. Dintên Ahad angangge susumping | lampahipun Jêng Yusup Bagendha | Isnèn natab lalandhêpe | Bagendha Umar laku | Slasa manggang asta ing gêni | Bagendha Abubakar. | ingkang darbe laku | Rêbo akukudhung sinjang | lampahipun Kangjêng Nabi Ayub singgih | Kêmis tumêngèng tawang ||

10. Myang tumungkul ing bantala nênggih | lampahipun Sang Ali Bagendha | winêwahan sangatane | kalamun arsa nglurug | angkatira pan sampun uning | langkahe ingkang pêcak | sangat lamun sampun | pêcak sadasa umangkat | pangwasane sang Garudha [Ga...]

--- 1 : 112 ---

[...rudha] kawon dening | sadhengahing taksaka ||

11. Isnèn wusing pêcak nêm lumaris | pangwasane singa krura kalah | dene§ Prayoginipun / dening /. manjangan yêktine | Salasa lamun sampun | pêcak kalih angkatirèki | pangwasanipun singa | ingkang sru manêmpuh | kawon dening kang dirada | Rêbo wusing pêcak pipitu lumaris | mênggah pangwasanira ||

12. Diwangkara kawon dening sasi | Kêmis wusing pêcak dwilyas |Kurang dua suku kata: Kêmis wusing pêcak kaping dwilyas § Prayoginipun / dwiwlas /. [...] |Kurang satu baris: 8e. [...] |Kurang satu baris: 7u. Jumungah apan sampuning |Kurang satu suku kata: Jumungah apan sasampuning. pêcak triwêlas mangkat | de pangwasanipun | sona dening kancil kalah | Saptu wusing pêcak dwiwêlas lumaris | dene pangwasanira ||

13. Sawêr kawon dening kodhok bungkik | tamat sangat Sang Ali Bagendha | wontên sangat ingkang kangge | aningkahakên sunu | myang ngadêgkên sadhengah panti | punika manut tanggal | sapisan witipun | kaping kalih kaping tiga | ping sakawan ping gangsal gya wangsul malih | nêm kadi ping sapisan ||

14. Tanggal kaping sapisan pan sami | kaping nênêm sawêlas nêmbêlas | salikur myang nêmlikure | wit surya wêdalipun | têkèng pêcak slikur potnèki | Ahmad pitutur nyata | wit pêcak salikur | êpote pêcak sawêlas | Jabarail kalangan rangkêpannèki | awit pêcak sawêlas ||

15. Êpot bêdhug Brahim pacêk-wêsi | awit bêdhug ing potipun Asar | Yusup slamêt rangkêpanne | Asar sawêngi muput | êpot enjing Hyang Surya mijil | Ngijrail rêjêkinya | ping kalih winuwus | sami lawan kaping sapta | kalihwêlas pitulas rorikur nênggih | myang pitulikur samya ||

16. Purnamaning Hyang Pradanggapati | êpot pêcak salikur punika | Jabarail rêjêkine | wiwit pêcak salikur | êpot pêcak sawlas Ibrahim | pitutur rangkêpannya | sawlas êpot bêdhug | Yusup kalangan rangkêpnya | bêdhug potnya Ijrail apacak-wêsi | Asar sadalu pisan ||

--- 1 : 113 ---

17. Pote têkèng purnamaning rawi | Ahmad slamêt tanggal kaping tiga | ping wolu ping triwêlase | wolulas tigalikur | wolulikur punika sami | wit purnamaning surya | pot pêcak salikur | Ibrahim slamêt rangkêpan | pêcak slikur pot pêcak sawlas marêngi | Yusup rijêkinira ||

18. Pêcak sawlas êpot bêdhug wanci | Ngijrail pitutur rangkêpan |Kurang satu suku kata: Ngijrail pitutur rangkêpanya. bêdhug têkèng Asar pote | Ahmad kalanganipun | awit pasar potira prapti | purnamaning Hyang Surya | Jabarail iku | pacak-wêsi rangkêpannya | gantya tanggal ping sakawan saminèki | ping sanga ping patbêlas ||

19. Ping sangalas patlikur myang kaping | sangalikur punika ingetang | wit Hyang Surya purnamane | êpot pêcak salikur | Yusup pacakwêsi marêngi | awit salikur pêcak | sawêlas potipun | Ngijrail salamêt pêcak | sawlas êpot bêdhug Ahmade rêjêki | wit bêdhug êpot Asar ||

20. Jabarail pitutur ngrangkêpi | Asar prapta purnamaning surya | Ibrahim kalangan mangke | ping gangsal sadasèku | gangsalwêlas myang kalihdèsi | salawe tigang dasa | pan sami puniku | awit purnamaning surya | têkèng pêcak salikur êpotirèki | Ngijrail akalangan ||

21. Pêcak slikur sawêlas potnèki | Ahmad pacakwêsi rangkêpannya | pêcak sawêlas awite | êpote têkèng bêdhug | Jabarail slamêt ngrangkêpi | bêdhug êpotnya Asar | Brahim rijêkiku | Asar sadalu êpotnya | purnamane Sanghyang Surya amungkasi | Yusup pitutur Ahmad ||

22. Radèn Jayèngrêsmi tanya malih | kadiparan sangat palintangan | punapi wontên sanèse | ki Buyut manthuk-manthuk | manut dintên lampahirèki | pipitu kèhing lintang | sadintên sadalu | paedahe pyambak-pyambak | awon pênêt myang laire jabang bayi | tinitik saking lintang ||

23. Lintang Samsu sabarang prayogi | lawan marêk ing sri naranata | myang wong agung sasamine | ningkah langkung panuju | ingkang awon tuwin myang sakit | nunugêl kesah pêrang | jêjampi nyanyambut | tuwin ngenggali panganggya | undang-undang [undang-un...]

--- 1 : 114 ---

[...dang] prasanakan atanapi | kumpulan tan prayoga ||

24. Lare lair raintên marêngi | jalêr èstri umuripun panjang | sinung padhang ing driyane | kêdhik rijêkinipun | prihatinan ing tyasirèki | jalu èstri yèn mêdal | dalu watêkipun | pan ugi pêtêngan manah | lawan sinung gêlap tyase anawêngi | gantya kang winursita ||

25. Lintang Juhrah angka dwi namèki | samukawis punika prayoga | ginêm ngèlmi utamane | rabi tumêkèng sarju | anjampèni rare utami | anggalih samubarang | pandamêlan atut | de kang awon andum karya | akèngkènan dhumatêng mêngsahing jurit | myang kèngkènan sadhengah ||

26. Lare lair jalu lawan èstri | ing raina jêmbar kang polatan | jalu èstri yèn laire | anuju wanci dalu | langkung kumêt wicaranèki | tur pêngkok nora (ng)gragap | kaping tri winuwus | lintang Ngatarit pinajar | samubarang prayogi ingkang upami | mumuruk amamarah ||

27. Marêk nata myang pados usadi | apan sami prayogi sadaya | dene ingkang botên sae | paès pasah cucukur | lair rintên bilih pawèstri | sae kèh daulatnya | nging wicara kaduk | ragi panastèn ing manah | namung sagêd ing damêl tan nguciwani | yèn jalêr lair siyang ||

28. Apan awon ing tyas gung prihatin | bilih èstri dalu lairira | cupêt kang budi watêke | yèn jalu lair dalu | watêkipun jêmbar kang budi | sabar lila ing donya | tur sugih bêgja gung | wêlasan marang sasama | mangkya catur lintang Kamar kang winarni | samukawis prayoga ||

29. Tuwin marêk ing sri narapati | angandikan kang mawa paedah | sisimpên tulus arjane | adagang antuk untung | akèngkènan sarju katampi | mamaris tulus trimah | kang awon winuwus | pradata padu myang nglamar | atanapi (n)dhaupakên laki-rabi | punika tan prayoga ||

30. Lare èstri lair amarêngi | nuju siyang boros watêkira | yèn jalu siyang laire | cuparira kalangkung | lamun èstri lairnya ratri | sae sagêd ing karya | bêkti marang kakung | nastiti mring samubarang |

--- 1 : 115 ---

lamun jalêr lairipun wêktu ratri | barancah mring wanodya ||

31. Panca lintang Juhkal kang winarni | ingkang sae wiwit gêntur tapa | pandamêl mring Pangerane | awit ngantos pakantuk | lyan punika botên prayogi | yèn rare lair siyang | atanapi dalu | jalu èstri ugi samya | tansah kambah sakit encok tan kalirih | nanging kèh rêjêkinya ||

32. Tur asabar lila ing donyèki | wadanane mung radi èngêtan | gumantya angka nênême | lintang Mustari iku | ratuning kang lintang saptèki | langkung sae sabarang | satingkah rahayu | ingkang awon mung sajuga | amanggalih ngadoni lampahing jurit | yèn rare lair siyang ||

33. Jalu èstri pan sami prayogi | watêkipun saèstu sukuran | yèn èstri lair dalune | ajrih mring priyanipun | pandamêlan agal myang rêmit | widada awidagda | lamun rare jalu | lair dalu langkung pradhah | tan kaconggah nêdha ing kêbon ananging | rêmên nyilib tyasira ||

34. Mangkya gantya kasapta mungkasi | lintang Mirah ingkang aprayoga | namping imba paras paès | sunat ugi pakantuk | atanapi ngadoni jurit | lawan iyasa gaman | kajawi puniku | pakaryan awon sadaya | lamun nuju rintên rare lair èstri | watak jail kang manah ||

35. Bilih jalu rintên lairnèki | tan saranta barang watêkira | yèn lair nuju ratrine | èstri tanapi jalu | tan salamêt manahnya gingsir | kêkêt kapara ngarsa | jail amathangkul | sampun jangkêp lintang sapta | awon pênêt ing mangke wiwit winilis | lampahing palintangan ||

36. Malêm Akad ing wanci Mahribi | ingkang tampi Samsu taranggana | Ngisai Juhrah tampine | wanci sirêp janmèku | lintang Tarit ingkang atampi | têngahe ratri Kamar | lingsir wênginipun | tinampènan lintang Juhkal | bangun enjing lintang Mustari kang tampi | Subuh Mirah gumantya ||

--- 1 : 116 ---

37. Akad enjing Samsu kang nampèni | rame pasar tinampèn ing Juhrah | lêbar pasar Tangarite | bêdhug Kamar kang lungguh | Luhur Juhkal ingkang nampèni | Ngasare tinampènan | Mustari puniku | sontêne ingkang atampa | lintang Mirah jangkêp saratri saari | lampahing lintang sapta ||

38. Malêm Isnèn ing waktu Mahribi | ingkang tampi taranggana Kamar | Ngisa-bah Juhkal tampine | ing wanci sirêp manus | ingkang tampi lintang Mustari | têngah ratri Mirahnya | lingsir wênginipun | lintang Samsu kang alênggah | bangun enjing lintang Juhrah kang atampi | Subuh Ngatarit lintang ||

39. Isnèn enjing lintang Kamar tampi | rame pasar tinampèn ing Juhkal | lêbar pasare tinampèn | Mustari trangganèku | wanci bêdhug Mirah kang tampi | waktu Luhur Samsunya | praptèng Ngasar puput | tinampènan lintang Juhrah | wanci sontên Ngatarit ingkang atampi | jangkêp lintang kasapta ||

40. Malêm Slasa ing waktu Mahribi | lintang Mirah sèrèn wêktu Ngisa | tranggana Samsu tampine | sirêp janma kang lungguh | lintang Juhrah têngahing ratri | Ngatarit ingkang lênggah | lingsir wênginipun | tinampèn ing lintang Kamar | bangun enjing lintang Juhkal kang nampèni | Subuh lintang Mustarnya ||

41. Slasa enjang Mirah ingkang tampi | rame pasar Samsu ingkang lênggah | bar pasar Juhrah tampine | bêdhug tinampèn gupuh | ing Ngatarit Luhur tinampi | Kamar kang taranggana | Ngasri Juhkal lungguh | sontênipun tinampènan | taranggana Mustari pot wêktu Mahrib | jangkêp kasapta lintang ||

42. Malêm Rêbo ing waktu Mahribi | lintang Ngatarit pot wêktu Ngisa | tinampèn Kamar lintange | wanci sirêp jalmèku | lintang Juhkal ingkang nampèni | têngah ratri tranggana | Mustari kang lungguh | lingsir dalu tinampènan | lintang Mirah bangun sampun kang nampèni | ing waktu Subuh Juhrah ||

43. Rêbo enjing Ngatarit kang tampi | rame pasar tinampèn ing Kamar | bar pasar Juhkal tampine | bêdhug nulya sinambut | ing Mustari Luhur tinampi | lintang Mirah punika | wêktu Ngasaripun | tranggana Samsu kang lênggah | wanci sontên lintang [lin...]

--- 1 : 117 ---

[...tang] Juhrah kang nampèni | jangkêp lintang kasapta ||

44. Malêm Kêmis ing waktu Mahribi | taranggana Mustari praptanya | Ngisa tinampènan Mirèh | sirêp ing janma Samsu | têngah ratri ingkang nampèni | kanang tranggana Juhrah | sèrèn lingsir dalu | tinampèn Ngatarit lintang | bangun enjing lintang Kamar ingkang tampi | ing waktu Subuh Juhkal ||

45. Kêmis enjing Mustari kang tampi | rame pasar lintang Mirah lênggah | bar pasar Samsu tampine | bêdhug tinampèn gupuh | lintang Juhrah Luhur tinampi | Ngatarit ingkang lênggah | sèrèn Ngasri wêktu | tinampènan lintang Kamar | wanci sontên lintang Juhkal ingkang tampi | jangkêp kasapta lintang ||

46. Malêm Jumngah ing waktu Mahribi | lintang Juhrah ingkang apilênggah | ing waktu Ngisa êpote | tinampèn Ngataritu | sirêp janma Kamar nampèni | têngah ratrinya Juhkal | lingsir ratrinipun | lintang Mustari punika | bangun enjing lintang Mirah kang nampèni | Subuh Samsu tranggana ||

47. Jumngah enjing lintang Juhrah tampi | rame pasar Ngatarit kang lênggah | lêbar pasar Kamar manggèn | bêdhug ginantyan gupuh | lintang Juhkal ingkang nyitèni | luhur gya tinampènan | Mustari sitèngsu | wêktu Ngasri tinampènan | lintang Mirah sontêne Samsu kang tampi | jangkêp lintang kasapta ||

48. Malêm Saptu Mahribi Ngatarit | waktu Ngisa tinampèn ing Kamar | sirêp janma gya tinampèn | lintang Juhkal potipun | têngah ratri ingkang nampèni | Mustari taranggana | êpot lingsir dalu | tinampèn Mirah tranggana | bangun enjing lintang Samsu kang nampèni | Subuh pan lintang Juhrah ||

49. Saptu enjing lintang Juhkal tampi | rame pasar Mustari kang lênggah | lêbar pasar lintang Mirèh | bêdhug tinampèn Samsu | waktu Luhur Juhrah nampèni | pot Ngasri tinampènan | Ngatarit sitèngsu | sontêne tinampèn Kamar | titi sampun lampahing lintang saptari | dalu praptaning siyang ||

50. Kang minangka naasing lintang dwi | (ng)gih punika Mirah lawan Juhkal | ngagêsang winênangake | sêtiyar mrih rahayu | yèn wus atut etanganèki | gya sumendhe ing Suksma | widadaning

--- 1 : 118 ---

kayun | amung aywa kinêkahan | pêpetangan tan sagêd ngewahkên takdir | siningkura kainan ||

51. Kaol saking pawong mitra mami | brahmanadi ing Ngatas-maruta | tiyang badhe gadhah rare | utawi janma ayun | praptèng janji ing wancinèki | laire kanang jabang | pêcate nyawèku | awawaton ari sapta | siyang dalu punika sami binagi | kalih wêlas gathita ||

52. Wiwit purnamaning Sanghyang Rawi | gathita nêm sapta astha nawa | sadasa sawlas têngange | kalihwlas inggih bêdhug | gya gathita satunggil kalih | tiga sakawan gangsal | wangsul nênêm surup | lajêng etang kadi siyang | dados namung wontên kalih-wêlas wanci | kalamun ari Akad ||

53. Gathita nêm sapta sawlas tuwin | tabuh satunggal kalawan gangsal | Sênèn astha sadasanè | satunggal tripancèku | Slasa sapta sadasa tuwin | têngange kalihwêlas | kalih gangsalipun | Rêbo sapta nawa sawlas | kalih catur Kêmis astha sawlas tuwin | satunggal tri sakawan ||

54. Jumngah astha sadasa tanapi | kalih wêlas tiga myang sakawan | Saptu sapta myang nawane | dwiwêlas kalih catur | bilih wontên tiyang nyakiti | utawi tyang sakarat | ri Akad tartamtu | lair utawi papatya | gathita nêm sapta sawêlas satunggil | gangsal salah satunggal ||

55. Radèn Jayèngrêsmi matur aris | kathah têmên ing parincènira | mrih widada raharjane | utami dipun ênut | tan kainan basanirèki | wontên kaol mupakat | punapa saèstu | yèn badhe karya pemahan | tuwin griya saka usuk dènukuri | pênêt awoning pètang ||

56. Lêrês wontên manawi akardi | ing pemahan dipun èstokêna | yèn (ng)garap pagêr sitine | cêngkale dhêpanipun | inggih ingkang adarbe panti | kalamun awiwita | lèr kilèn mangidul | winicala saking dhêpa | wilangannya bumi karta kala kali | kaarah dhawah karta ||

57. Yèn mangetan kadhawahna bumi | bilih damêl ingkang bubutulan | ambênêrakên kalane | myang wiyar ciyutipun | ing pemahan [pe...]

--- 1 : 119 ---

[...mahan] sukaning galih | dene jroning plataran | yèn mangalèripun | anotog pagêr ukurnya | samurdane kang darbe wisma pribadi | tingkahe wismanira ||

58. Dèn agathuk pagêr aja lali | yèn kêkêlir sakilèning wisma | kang têngên iku lakune | têka ing wismanipun | gathukêna ing pagêr (n)jawi | kang wetan bau kiwa | saking wismanipun | dèn-gathuk lan wismanira | lolongkange pandhapa têpusên aglis | lawan pacakanira ||pêcakanira.

59. Gêdhuging wisma lawan pandhapi | mandhapa iku kalawan lodra | têpusing talapakane | kalih mandhapanipun | lawan lodra yèn karya kori | pagêr tarab cêngkalnya | mara-sanganipun | poma sampun asêmbrana | ing pitêdah prayogi aywa kawuri | yèn parêng bêgjanira ||

36. Pangkur

1. Punika yèn karya griya | ukuripun pêcakira pribadi | pinêcakan panjangipun | gangsal petanganira | êsri adi naga êmas perak lamun | griya kadhawahna êmas | pandhapa perak prayogi ||

2. Bilih pawon dhawah naga | payon lêsung prayogi dhawah adi | manawi iyasa lumbung | dhawah êsri pêcaknya | sampun jangkêp mênggah saka kang dènukur | kajawi tangkêping ngandhap | lan kajawi purusnèki ||

3. Ngukur wiyare kang saka | lajêng kangge ngukur panjangirèki | ugi gangsal petangipun | bumi banyu prawata | myang sangkala gêni jangkêp gangsalipun | dhawah bumi kang prayoga | têtêg watêkipun bumi ||

4. Dhawah banyu watêkira | apan srêpan punika (ng)gih prayogi | manawi dhumawah gunung | watêg kêrêp aliyan | lamun dhawah sêngkala awon kalangkung | kang darbe wisma gêringan | dhawah gêni tan prayogi ||

--- 1 : 120 ---

5. Kabasmaran watakira | mangkya usuk dènetang cacah iji | inggih gangsal petangipun | êsri kakitri gana | kliyu pokah bilih wisma etang usuk | prayoga êsri dhawahnya | pandhapi dhawaha kitri ||

6. Kalih punika prayoga | bilih masjid gana ingkang prayogi | sanèse masjid puniku | manawi dhawah gana | tamtu angkêr utawi singit kalangkung | kaliyu datan prayoga | gêringan kang gadhah panti ||

7. Yèn dènetang dhawah pokah | tan prayoga kêrêp nandhang prihatin | kapêjahan jumarunuh | sampun jangkêp etangnya | dene pagêr punika ukuranipun | dêdêge kang darbe wisma | tuwin dhêpane pribadi ||

8. Mênggah wiyaring pemahan | sasukanya pan botên dènwancèni | gangsal wêwilanganipun | bêbuka êsri etang | tapa lungguh sêdana pugêran-ipun | dhawah sri watak sêrêpan | tapa luwe watêknèki ||

9. Lungguh têtêg watêkira | pan sêdana sugiyan watêknèki | de pugêran watêkipun | pitados saha kêkah | sampun jangkêp ing pundi kaparêngipun | têbihing (n)dhapi lan griya | ugi wontên ukurnèki ||

10. Pêcaking kang gadhah griya | pan sakawan etanganipun nênggih | awit bale etangipun | omah latar pawuhan | dhawah bale punika ingkang pakantuk | dene yèn yasa gêdhogan | tuwin kandhang kêbo sapi ||

11. Palangipun pinêcakan | kajawine pêpurus ingkang manjing | kiwa miwah têngênipun | sakawan etangannya | candhi karta rogoh sampoyong puniku | ingkang sae dhawah karta | kalayan dhumawah candhi ||

12. Saka kandhang myang gêdhogan | kajawine purus myang pêndhêmnèki | ingukur lan palang wau | dhawah candhi prayoga | ing têbihe saking trêping pantinipun | ingukur kalawan pêcak | gangsal petanganirèki ||

13. Awit etangipun karta | baya tura samaya angêmasi | utami ingkang dhumawuh | ing wêwilangan karta | nêngna wau titi etangnya [etang...]

--- 1 : 121 ---

[...nya] ki Buyut | wus anggagat bangun enjang | suwawi waktu Subêkti ||§ Prayoginipun / Subêkti / = Subuh [Subêkhi].

14. Utami kang radi awal | samya wulu paragating Subêkti§ Prayoginipun / Subekti / = Subuh [Subekhi]. | pêpujianira nutug | bakdaning pêpujian | Gathuk matur alim dalêm Kyai Buyut | kawula nyuwun wasiat | basanipun tiyang abti ||§ Prayoginipun / apti / = arep, karep.

15. Nunutut sadhengah kewan | bokmanawi ing têmbe ngingah kambing | amrih cumbu dhatêng ulun | ki Buyut angandika | iya kacung pancèn ana êmèlipun | datanpa laku tur cêndhak | mangkene basanirèki ||

16. Seka leka seka leka | singa buntut idhêpa idhêp ing i | -dhêpku tut sing saujarku | mung iku ora liya | lamun sira kaparêng angêlus-êlus | marang sadhengahing kewan | kang dadi parênging ati ||

17. Kalawan manthênging sêdya | uga cêndhak mangkene basanèki | singa wulu singa buntut | ingusapan pandhawa | lêlima tut saujarku mung puniku | lamun pinarêng ing mangsa | bokmanawa tutut yêkti ||

18. Gathuk nuwun-nuwun nêmbah | sakalangkung kapundhi sih sang yogi | Ki Buyut nyawang sang bagus | sumunaring kang cahya | ngandikèng tyas cêcalone janma luhung | manthêr cahyaning oliya | wasana matur sang adi ||

19. Ing mangke paran ing karsa | sèwu sokur yèn jênak anèng ngriki | rahadyan alon umatur | kang agung apuranta | mangkya ulun ayun (m)dumugèkkên(n)dumugèkkên. kayun | ing saparan tanpa sêdya | ngulati ingkang lunga nis ||

20. Amung pangèstu paduka | rahayune ing lampah bokmanawi | têmbe ulun sagêd wangsul | kantuna karaharjan | wus salaman ki Buyut ngandika arum | mas putu nastapaningwang | sami apuji-pinuji ||

21. Wus tumurun sangking Murya | ngidul ngilèn wus ngambah ing pasisir | tan winarna lampahipun | prapta ing palabuhan |

--- 1 : 122 ---

Pakalongan kèndêl ing têpining laut | anon udhuning juragan | kang sangking liyan nagari ||

22. Manawi ari kalihnya | binêkta ing nangkoda sangking Grêsik | nunut utawi pinupu | mring pawong-sanakira | dupi mudhun juragan kang sangking laut | tinon kang rayi tan ana | sangsaya anglês ing galih ||

23. Adhuh yayi kadangingwang | Jayèngsari myang Nikèn Rancangkapti | baya mring êndi jangtungku | amung ta karuhana | ing dunungmu awèt mangkene kabanjur | kadya kinjêng tanpa soca | wau Radyan Jayèngrêsmi ||

24. (n)Dêdonga marang Pangeran | rahayune kadangira kêkalih | têmbe sagêda pinangguh | atuse manthênging tyas | gya lumampah tambuh kang sinêdyèng kalbu | kèndêlnya dalu kewala | bakda Subuh gya lumaris ||

25. Prapta ardi Panêgaran | kacarita sang yogi kang palinggih | anèng Panêgaran gunung | wasi Kawisuwara | waskithèng tyas uning satriya anglangut | kèndêl ing ngandhaptingngandhaping. arga | sang wasi utusan aglis ||

26. Sabatnya aran Waskitha | kinèn mudhun marang ngandhapping wukir | ki Waskitha wus tumurun | pinanggih lan rahadyan | mangênjali matur kawula ingutus | mahawiku Panêgaran | Kawiswara sang ayogi ||

27. (n)Jêng paduka ingaturan | minggah maring ing dhepok ulunirit | rahadyan ngandika arum | inggih paman prayoga | sampun kerit Gathak Gathuk tansèng pungkur | sang wiku mapag wiwara | wus tundhuk rinangkul aglis ||

28. Kulup ingkang nêmbe prapta | sajarwaa kêkasihira kaki | lawan ngêndi pinangkamu | sayogane lêrêppa | anèng kene kurang nadhah kurang turu | darapon bisaa klakyan | kang dadi karsanta kaki ||

29. Rahadyan dahat lênggana | wus alami pruita ing sang yogi | tarakbratanya lumintu | sang yogi Kawiswara | lon ngandika ana jiliddan linuhung | sayogya sira anggoa | kanthining janma utami ||

--- 1 : 123 ---

37. Kinanthi

1. Minangka murda satuhu | tapa angenaki ati | tama lirring panataran | narantara sesalwirning | sarèhning ingkang dumadya | wlassa singa nuwa-nuwi ||

2. Srêda purae ngasamun | samanning sila nagari | aminta sihing ngamarar | awlas asih ring pagimi | unggyannira ngamatirta | cipta mantêb marang Widdhi ||

3. Durung dadi lamun durung | darana ring darunaning | sakarsa karsèng pamasa | satibane kang tinuding | beda pandumming budaya | dayaning (n)donning dumadi ||

4. Kahênêngêna manêngkung | amaladdi samadinning | anêgêssamanêgêsa. karsaning Sang | Amurwèng Paningal jati | tingalêna maklumulah | malah maluya ywa lali ||

5. Lêlakone kang kalulun | alin-alin dènkalilin | lêlênga aywa kaalan | ywa lalu atmah lali |Kurang satu suku kata: ywa lalu atêmah lali. kalunta-lunta kalintang | tan wiyang mayanga wèsthi ||

6. Isthaning angga kagugu | gupita jêg agagappi | aywa gugup ing nalika | nalarrira dèn alirih | rèrèh ing pangarah-arah | arahên aywa ngurangi ||

7. Ngurangana ing pangrungu | ing rèh aywa nguring-uring | yèn miro tmah mêmirang |Kurang satu suku kata: yèn miro têmah mêmirang. amerang amurang niti | titika dènkatalika | ywa nunulak tutulan-cik ||

8. Bêcik rêngkuhên pamêngku | kumawa ing agal alit | dèn amulat ing lêlêta | ywan ingandêl dèndumêling | (n)dulu ulah karawitan | wittipun tan ana malih ||

9. Sangking kakawin myang kidung | kadi kadang anjarwani | ing sarekaning kalangyan | langêning kang milangonni | nglongana haywan tantara | tarikên yèn ana luwih ||

10. Miwah ungguhing raras-rum | rumarah murang ing kawi | sêsandining sang kèndriya | rekaning kawi kawiddhi | kawiddhi ing widhayaka | ya karana sang siniwi ||

--- 1 : 124 ---

11. Wèh tahêt babah binarung | ring kasidaning dumadi | dana kariyin dènarah | kasantikan wus kawuri | kasudarman tyas mardawa | dèn manuh manah mamanis ||

12. Manah prênèssan ywa kunus | dènnira amasang mèsi | masalahing sumpêt karsa | karsa sinêsêr tan osik | musika tinon aywa sak | sasat simpên karsa suji ||

13. Ring sojar aja anjujur | kolina kilat ngalingi | tan wrin naya ringa mawas | waskitha awangsulanning | yèn tan angling dèn amêmma | dèn amêmês ing pangungkih ||

14. Ywa taha bêrgugug luguk | kaya gopala kapilis | kapêlang kapêlak-pêlak | palênggahe agaligir | awigar agagalagar | nganggur tan egaringenggaring. galih ||

15. Palaning wong ambasêngut | ulatte anginggit-inggit | wacana buthêking netya | netya ala tan kailir | kèlu kalêssan ing muka | mêngku ala nir pakolih ||

16. Ing wacana yèn anuju | pasamuwan srawunganning | dipun sambada ing têmbang | manawa katambang balik | dènkacakup ing pangucap | titika dipun katitik ||

17. Panitike ywan wus putus | pan wus cinaritèng Sruti | sru trêp tita ing purwaka | mangka kenging anganggêpi | ing cipta ya dyan patutta | ing têmbang sambang manawi ||

18. Ana wadi kang sinamun | sinuksma sari-sarining | buhana sabawaning tyas | lair ing tyas kang nampani | nyataning tyas anèng naya | naya netya kang nampani ||

19. Sawadining wardayèku | ing netya pahêmannèki | ing wacana (ng)gonning wêdhar | widayaka dayèng wadi | widigda ing ciptamaya | mayana mayaning kapti ||

20. Ati akapti kumudu | asihana ing sêsami | witting raga kinasiyan | pan sangking raga pribadi | pribadi asiyèng raga | kadulu dalan dinalit ||

21. Paèssan ing sarirèku | amberat ingkang kaèksi | nir tasitaning akathah | pangèhna ing sarirèki | sarira paran bedanya | ambawaa ambawani ||

--- 1 : 125 ---

22. Ingkang kadi mangkonèku | êndi ulun amurwani | ing paniwi wamangkana | ana pae nupa bumi | dera ngimpun prih sadaya | pan wus jênênging narpati ||

23. Kinasihan ing rèh arju | saharja mangakumèki | amiluta ambêg ing ngrat | rat karakêttan padha sih | linulut ing lokajana | jênêng kasarjana sami ||

24. Sarat rinaharjèng kayun | mawarah-warah rèh aris | tanpa karsa pagêhana | kengang murwa angarjani | kikitir marang apapa | papa têlutuh siningkir ||

25. Mikarra kang sikara dur | nimitya-mitya sajati | juti sajatining mita | siyasat lir sagaragni | gênêngan kathah isinya | sarira tanpa walèng ngling ||

26. Sêsumbanging ngrat kasumbung | sesining tapa ing bumi | bumi saja saha jarwa | sojar tekanang binukti | brêmara nguswèng kusuma | sumarmaning ganda sari ||

27. Salwir bawaning kang sinung | ing wadi widagdèng kuwi | among jagad jaga-jaga | arjuning ngrat tan kaèsthi | saèsthining asthagina | ginulang-gulang ing pangling ||

28. Liniling-liling kalangkung | sinêlan planu pinalin | sarasa-rasa rinangsang | kang saru-saru siningkir | sikara tan karawattan | kuwat awètta rangkawit ||

29. Wiwitting watara wolu | waluyane wali-wali | wulang lila lan wilalat | ywan linêlêt têmah lali | lalu amilih turida | ruda rudah angrudatin ||

30. Rudatin angayun-ayun | wahyu-wahyaning sakalir | kaliliran kalairran | lairing wahyu-winaris | waras ngênirakên maras | marassakên jiwaragi ||

31. Noraga rêgêm anurut | anuruta rat pinirit | mirit angipat kiparat | purêt pêpêt tan pinipil | papalla sangking sikara | sukura sukêr siningkir ||

32. Kêrtya pakarti katutur | titir pamantara titi | tatas pandining walgita | tan pêgat amagut kapti | kaptine ingkang kampita | pitaya dèn pitayani ||

--- 1 : 126 ---

33. Yèn ing tyas pan aywa tambuh | bubuhanne wong ngaurip | angarêp-arêppa karya | karyane sawiji-wiji | wijining puruitaa | ya asthaguna kinawi ||

34. Kawining Hyang Endra laku | ngudannakên wangi-wangi | angrêsêpi sabuwana | kawaratan ing mamanis | mênuhi manah madada | monêng manungku ngênani ||

35. Kawining Hyang Yama laku | madhêndhakrama tan yukti | ya maluma lwir ya pêjah | durjana gêlahing bumi | nadyan braya wani ngambah | binubuh pinrih ing pati ||

36. Kawining Hyang Surya laku | ngingsêp toya tan katawis | rèrèh ririh tan rêkasa | rêrasanne tan ngêrêssi | rêsik lumintu atata | sanityasa ngatiyati ||

37. Kawining Hyang Candra laku | ngasuk ngasêpi sang bumi | komala mrêdu katingal | guya-guyunya mamanis | lir tètèssing martotama | rêsêp marang para rêsi ||

38. Kawining Hyang Bayu laku | anginte sagung pakarti | buddining rat kinawruhan | sawicara dènkawruhi | ya dibya guna kagunan | ginunni saari-ari ||

39. Kawining Kuwera laku | buja bojana mamukti | mamaèssi busana mas | sru suk srah pangrèhing dasih | pracaya kang pinarcayan | tan munasika tan mosik ||

40. Kawining Baruna laku | ngagêm sanjata ngapussi | sagung kang olah durjana | jinajahan sinalisik | sinalasah cinêpêngan | amêmpêng dènnya ninitik ||

41. Kawining Hyang Brama laku | anggêsêngi ripu tapis | galak ring ripu lwir singa | kang kinangsah sirna gusis | murub warata kataman | tamannira anèng gêni ||

42. Nahan ta guna ginunggung | suraku rumêksèng bumi | bumi ginora warana | lana ginênêng pinusthi | sèsthaning butaning ngolah | ulah sêsran musran muni ||

43. Aywa nêhêr ing paniru | angalappa saraganing | Sruti titikanning kangap | kadhapping kilap ngulati | Islam mapan janma tama | kang kapir prandening sèsthi ||

--- 1 : 127 ---

44. Asthabrata kang linaku | kêlakon pangolahnèki | pundi antuk yèn kalaha | lan lakune Buddha nguni | beda budining manungsa | akawih ingkang linêwih ||

45. Maluya laya anuntur | linanturakên pakarti | Jayèngrana pinandhita | ing palagyan palunggyanning | byuha tarlèn wêkasningka | tapa kaluhuran dadi ||

46. Lêgawèng pati ring ripu | pratapanning kang prajurit | sor tapaning kang pandhita | tapa tapaking jayanti | antyastya pramukyèng tapa | tapa (ng)graning gunung wêsi ||

47. Sinêmbah ing ngalapa gung | singgih yèn sirarsa jurit | dèn prastawa ing sopana | ing bubuka purba titi | titika dènkatalika | tutula tinali-tali ||

48. Agama pan sêdya ayu | pagahên padhanging pati | aywa ta kasêlan meda | dumadya amangguh wèsthi | nadyan ana hru sayuta | sêdya yu pan dènpayungi ||

49. Ing agama payungipun | rinêksa têbih ing wèsthi | dyajan ta anut ancala | bubuka ywa ngaruhunni | ruhunana ywan wus pingsal | asapênêt gan yèn uwis ||

50. Ana (ng)gyanya tindak-tanduk | ing swara aywa dumêling | aywa liyan kang karêngya | munga sang nata pribadi | dènnira angadu laga | mawastrèng papan makangsi ||

51. Bubuhan kang anèng ngayun | têmpuking ayuda pan wis | panarcayan mring sang nata | mangsa keguha ing jurit | sang nata nata ring wuntat | tan patya kèh kang umiring ||

52. Mung kanan kering myang pungkur | sawega prayitnèng wèsthi | manawa na katêlayah | raganing turangga mrêgil | tutulunga têka wangwang | ginantya bala toh pati ||

53. Yeka palayarannipun | ring atapa gunungwêsi | tan kacaryan tan kawuryan | ring dadi dadining bumi | sastakasa myang riringa | pan purbawisesa jati ||

54. Tan ana lara myang lampus | urippe sangking Hyang Jati | -karana tan takut ing prang | nistha madya utamaning | mantri linging kina-kina | kinênan malah ing mangkin ||

--- 1 : 128 ---

55. Nisthaning mantri winuwus | yèn kawawas lena dhingin | lena kari wadyanira | madyaning mantri yèn mati | barêng lawan wadyanira | utamanirèng kang mantri ||

56. Yèn ing bala ngarsa gêmpur | tulung ngadêgkên jêmparing | mangsa mangke dadya warta | yèn amangun jayèng jurit | nistha madya utamanta | mantri ngêmasi rumiyin ||

57. [...]Kurang satu bait atau salah penomoran.

58. Ing lêlakonne kèh kantun | kaputungan tyas kang nulis | sêpi supene kang bawat | tumanduk lamun udani | têlasana sanggamu ywa | dening tanduk tan nindaki ||

59. Lwir tarbuka rupanipun | bundhining rat anjajagi | tan mantra mantrèng sarira | purwaning amênggêl kawi | kinayah kayuh bawamba | ambuning rat ing saricik ||

60. Ing angga akarêm liwung | ing pangiwa angênani | tulatên namung panimpar | tan wrin cacadên ing sami | sanepaning pasang sewa | sinawawa tan suwawi ||

61. Wiyanga wuyunging kalbu | buhana tandha sabên ri | rumaras ywan tan mangguha | uguhing kidung tinampi | nampingana mangka dadya | dadya dawaning murwani ||

62. Nimpèni dadi sinamun | namung dana tanpa mijil | pinunjal tinunjêl suka | suka ringa mênggêl kawi | kawisesa budyadarma | malangun dadine bumi ||

38. Asmaradana

1. Rahadyan sangêt gung kingkin | miyarsa andikanira | wasi Kawiswara kaot | wus lami nèng Panêgaran | ngêntèk piwulangira | dhasar lantip sang abagus | cakêp atampi piwulang ||

2. Saya têbih dhabardhahar. guling | Gathak Gathuk eca ing tyas | Kawiswara ngandika lon | kulup ywa dadya tyasira | ingsun tan pisan-pisan | risi kanggenan sirèku | amung supaya wuwuha ||

3. Kawruh utamining urip | tumêkane ing dêlahan | angidulla bênêr anggèr | marang ing Salamêt arga | kono ana satriya | atmaja sri Majalangu | nama Sèh Sêkardalima ||

--- 1 : 129 ---

4. Dhepok ing Salamêt wukir | wus manjing agama Islam | Sunan Têmbayat gurune | sinêpuhan Jêng Suhunan | Adi ing Kalijaga | arang wong bisa katêmu | yèn datan lawan nugraha ||

5. Mangkata sêdhêng kang wanci | rahadyan angaras pada | saha aturira alon | muhung pangèstu paduka | kawula amung darma | lumampah sangking pituduh | tuhu tan darbe kuwasa ||

6. Wau mèsêm sang maharsi | kulup ing pangèstuningwang | Gathak Gathuk awotsinom | kawula anyuwun barkah | pinaringana kuwat | (n)dhèrèkkên wayah pukulun | angsala idin pandonga ||

7. Iya kênang sun idèni | muga kinuwatna ing Hyang | rahadyan sampun lumèngsèr | linggar sangking Panêgaran | lajêng ing lampahira | Gathak Gathuk tansèng pungkur | wus ngancik sukuning arga ||

8. Sumawuring sari-sari | ganda arum amrik ngambar | gantya ingkang winiraos | ing dhepok Salamêt arga | masjid munggul katingal | asri busananing gunung | taru-tarunya tinata ||

9. Sasêkaran angubêngi | toya wêning tinalangan | pating sarèwèh iline | mangungkang talaga dibya | ngunguwung lirab-lirab | wau panêmbahan gunung | lênggah têpining talaga ||

10. Ingadhêp abdi kakalih | Ki Maklum lawan Ki Sabar | Sèh Sêkar ngandika alon | Sabar Maklum dènagêpah | ing langgar rêsikana | iki bakal ana tamu | utama calon olia ||

11. Sabar Maklum mundur aglis | ing langgar wus ginêlaran | Sèh Sêkar gya kundur alon | ngalela lênggah ing langgar | rahadyan wus katingal | ingawe sang wiku gupuh | radyan anungkêmi pada ||

12. Pinangkul kinêmpit-kêmpit | arum wijiling kang sabda | slamêt satêkamu radèn | mrêlokkên mring dhepokingwang | bangêt sukaning driya | radyan nêmbah saha matur | pangèstu dalêm kang mulya ||

13. Sèh Sêkar ngandika malih | kulup hywa sadaya-daya | ing pangarah dipun sarèh | mung ywa pêgat ing paminta | lumintu ingkang lampah | yèn pinarêng wêktunipun | bokmanawa katarima ||

--- 1 : 130 ---

14. Suhunan ing Bayat nguni | sung carita marang ingwang | eyangmu buyut kalane | kumpulan lan wali sanga | samya (m)babar sêsotya | trusing ngaji pan akumpul | aywa ana parêbutan ||

15. Kinarya gita ing kawi | [...]Kurang satu baris: 7a. ing Giri Gajah ênggone | tatkala agugunêman | para wali sasanga | ing Argapura (ng)gènnipun | kadhaton ratu agama ||

16. Wali sadaya tinari | dènnira Prabu Satmata§ Ugi kasebut / Prabu Sètmata /. | Suhunan Benang tinaros | myang Suhunan Kalijaga | Suhunan Ngampèldênta | Suhunan Kudus tinantun | kalawan Sèh Siti Jênar ||

17. Sèh Bênthong tumut tinari | sarta Pangeran Palembang | Panêmbahan Madurane | aseba mring Giri Liman | angling Prabu Satmata | sukur pêpêg anakingsun | sami limuta kaliman ||

18. Sadaya tunggala kapti | sampun wontên kang sulaya | arêmpêga kang wiraos | sami ambabar sosotya | sami miyak warana | sampun wontên masang sêmu | dèn anglela dèn tetela ||

19. Jêng Suhunan Benang angling | ambabar kang pangawikan | tegese sariraningong | dat sipat apngaling Allah | nyata ing kalbu amba | Datollah kang amurbèku | misesa ing dhèwèkira ||

20. Jêng Suhunan Adiluwih | ambabar kang pangawikan | têgêse sariraningong | iya sadat jênêngamba | iya jênênging purba | iya Allah Sukma Subut | jênêng urip lawan jagad ||

21. Jêng Suhunan Giri-wèsthi | ambaharambabar. kang pangawikan | têgêse sariraningong | iman urip lan nugraha | budi uriping Suksma | urip sarta Allah iku | mangkana ing kawruhamba ||

22. Jêng Suhunan Kudus angling | ambabar kang pangawikan | Roh wajib ing imaningong | cahya mancur kadi surya | mijil sangking prabawa | amartani lampahipun | anguripi ing sajagad ||

23. Panêmbahan Madura ngling | ambabar kang pangawikan | aran na kanugrahane | kundhi Allah ta punika | têgêse kundhi ika | Nabi Allah jatinipun | jinatèn ing nama Allah ||

--- 1 : 131 ---

24. Pangeran Palembang angling | ambabar kang pangawikan | têgêse sariraningong | têgêse Allah punika | Allah ingkang amurba | anguripi Mahaluhur | amisesa purba dhawak ||

25. Prabu Satmata mangkya ngling | ambabar kang pangawikan | sami lan Allah purbane | kang ngawruhi iya Allah | kaping kalih nur badan | kaping tiga rasul iku | kaping pat Datollah ika ||

26. Sèh Siti Jênar mangkya ngling | ambabar kang pangawikan | asêmbah ing Allah ingong | sujud rukuk padha Allah | sêmbah sinêmbah Allah | ingsun kang amurba iku | kang misesa ingsun uga ||

27. Wali sadaya mangkya ngling | Siti Jênar Kadariyah | katêrasan iku linge | Siti Jênar sigra ngucap | adoha yèn bênêra | ingkang pêrak iku êmbuh | iki Allah supayaa ||

28. Prabu Satmata mangkya ngling | iku jisim Siti Jênar | Sèh Lêmah Bang mangkya linge | raga jiwa dènmicara | padesane dèntilar | Allah kang anglela iku | sakarsanipun wasesa ||

29. Wali sadaya samya ngling | salah sira Siti Jênar | dene angaku badanne | Allah badan Siti Jênar | tan langgêng anèng dunya | Siti Jênar iku luput | têmbe mangkè ngaku Suksma ||

30. Pan wontên lakone nguni | sami ambabar sosotya | sampun aling-aling kang wong | sami amiyak warana | aja na salah cipta | kêna yèn warahên dudu | anging panggah Siti Jênar ||

31. Prabu Satmata mangkya ngling | Sèh Lêmah Bang kamanungsan | sanak pakênira kabèh | tan beda lan pakênira | nanging sampun angela | manawi dadi kalurung | akèh wong kang anggêgampang ||

32. Kathah wong kang tanpa yêkti | tanpa yun angguguruwa | akèh kang (ng)gêgampang kang wong | dene warta atimbalan | sajatinipun wikan | dadi tan arsa (ng)guguru | awirang yèn ta takona ||

33. Sèh Molana samya prapti | sakathahe Aji Cêmpa | pinarêg ing masjid gêdhe | mapan kantun wali sapta | samya (m)babar sosotya | tan prabeda kang rumuhun | Siti Jênar ingandikan ||

--- 1 : 132 ---

34. Sèh Molana mangkya angling | Siti Jênar nama tuwan | Siti Jênar mangkya turre | inggih Allah jênêngamba | nora na Allah ika | anging Siti Jênar iku | sirna Jênar Allah ana ||

35. Molana Ngaribbi§ Prayoginipun / Mahgribi. angling | kapir dadi Siti Jênar | Aji Cêmpa angling alon | kapir danas Siti Jênar | Islamipun indalah | kapir danas wong puniku | punika kapir sampurna ||

36. Molana Mahribi angling | Suhunan (n)dawêg winêjang | masjid dalêm suwung kabèh | ana bêkti ana ora | têmah ngrusak agama | anggêgampang têmahipun | kang salah (n)dawêg pinêdhang ||

37. Sèh Siti Jênar mangkya ngling | (n)dawêg sampun kalayatan | lawang swarga mênga kabèh | Siti Jênar sinêrampat | dening kaum sakawan | Sèh Lêmah Bang sampun khukhum§ Prayoginipun / khukum = kaukum. | pinêdhang tatas kang jangga ||

38. Titiga sabate sami | apan sêdya pinêjahan | samya prawira khukhume§ Prayoginipun / khukum = kaukum. | titiga samya anêdya | anêbut Subkhanallah | wontên rare angon wêdhus | sigra amiyarsa warta ||

39. Siti Jênar wani mati | kasusra angaku Allah | punang rare angon age | lumayu asumbar-sumbar | amarêg mring ngayunan | wontên Allah kari iku | katungkul ya angon menda ||

40. Prabu Satmata mangkya ngling | rare iku kudu pêjah | khukhumêna§ Prayoginipun / khukum = kaukum. aja suwe | sandhingêna Siti Jênar | angling Ki Siti Jênar | sandhingêna lawan ingsun | aywa adoh ingsun gawa ||

41. Ponang rare angling aris | sampun (n)dika kalayatan | rare cilik sru tangise | age tumuta pralaya | wus mênga lawang swarga | pinêdhang janggane sampun | mèsêm rare angèn menda ||

42. Jêng Suhunan Ratu Giri | nora kira Siti Jênar | maksih wutuh rêragane | tigang dina gilang-gilang | tumulya uluk salam | kantuna andika ratu | Siti Jênar nulya ilang ||

43. Tan kari sabatirèki | sadaya wus samya ilang | miwah rare angon mangke | datan kantun mèlu ilang | sadaya sampun sirna |

--- 1 : 133 ---

gawok sakèh kang andulu | dhumatêng Sèh Siti Jênar ||

44. Tuturku kang wus kawijil | Sèh Lêmah Bang wus anyata | katon kandêl kumandêle | nanging pilih kang abisa | kadi Sèh Siti Jênar | akèh mandhêg anèng catur | pinêntog mundur plarasan ||

39. Durma

1. Lawan malih radèn sira kawruhana | pan ana kawruh malih | crita Wringin-sungsang | wajibe kawruhana | anggitên dipun sayêkti | sajroning manah | lah anggèr ngong jarwani ||

2. Wringin-sungsang wayahira tumaruna | luhur tan ngawruhi |Kurang satu suku kata: luhur datan ngawruhi. panjêre satunggal | tambenipun sêkawan | pupusipun mung sawiji | pange sakawan | wohe rêtna-di luwih ||

3. Kulitira kang wringin kancana mulya | daging kumala adi | otote sosotya | babalunge kalpika | sungsume motyara luwih | uwiting wrêksa | iman wujud kang pasthi ||

4. Lan malihe kaki têngah kawruhana | lalima kathahnèki | ingkang anèng têngah | aran pêksi-dewata | anadene kang angapit | pêksi sakawan | iku wajib ngawruhi ||

5. Poma-poma anggèr sira kawruhana | wastane kang waringin | lan pancêre pisan | lawan tambining ngêpang | pupuse lan wohe ugi | apa arannya | wajib sira kawruhi ||

6. Lan malihe radèn sira kawruhana | apa asalmu dhingin | iku kawruhana | asal sangking punapa | miwah benjing lamun mati | êndi (ng)gonnira | lawan marganing pati ||

7. Lamun mati kang nyawa ngêndi marganya | apa ta mêtu kuping | apan sukêr ika | apa ta mêtu netra | iku pasthi molèr kaki | yèn mêtu sirah | pasthi pêcah kang rêksi ||

8. Lamun mêtu ing êmbun-êmbunan radyan | kang pasthi bolong kaki | lamun mêtu grana | yêktine jêmbêr uga | lamun mêtu cangkêm najis | lah ngêndi baya | margane lamun mati ||

--- 1 : 134 ---

9. Lamun mêtu ing jubur langkung najis ya | yèn mêtu pusêr ugi | pasthi bojot ika | lah ngêndi ingkang marga | lamun ing wulu kang margi | lah iku mokal | marga kalangkung rungsit ||

10. Lah ta radèn anggèr sira têtakona | liyane marang mami | kabèh takokêna | purwa madya wasana | takokna dipun patitis | asraha badan | ngaturna pati urip ||

11. Lamun mati apa ta ana ngakerat | prênahe kerat ngêndi | takokna dèn angsal | aja angayawara | dipun wêruh ing sajati | basa ngakerat | ênggon wong agung sisip ||

12. Anadene ênggone wong kang sampurna | tan donya tan ing ngakir | anèng Darussalam | ênggon wong agung mulya | iku gurokna sayêkti | ing Darussalam | iku suwarga êning ||

13. Têgêsipun kang Darussalam punika | wujud mukal kang pasthi | iku gurokêna | kang aran wujud mukal | yèn tan wêruha sayêkti | angur si kopar | karuwan mati garing ||

14. Lah ta iku radèn sira gurokêna | lah poma dipun olih | kalamun olèha | ing guru kang wawarah | silêma jroning jaladri | upamanira | ywa tolèh anak rabi ||

15. Yèn pepeka ing wêjang guru kang pasal | têmahan mati kapir | nuli labuhana | wêjange gurunira | labuhan kawan prakawis | aywa kawuntat | tapa kawan prakawis ||