Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

40. Pangkur

1. Dhingin kang ingaran tapa | anarima sihing Hyang Suksma jati | apa karsane Hyang Agung | apan anut kewala | anglir sarah anèng satêngahing laut | apa karsaning parentah | kawula têka nglakoni ||

2. Ping pindho ingaran tapa | gêniara iku dipun lakoni | anadene artinipun | malêbu ing dahana | yèn kabrangas ing ujar iku dèn têguh | yèn dènucap ing têtangga | mapan tan nêdya gumingsir ||

--- 1 : 135 ---

3. Kaping tiga banyuara | têgêsipun punika tapa ngèli | mapan anut ing pitutur | rêmbuge pawong sanak | lan nasabi ing wong kawiranganipun | iku laku kang utama | wong awas ing Suksma jati ||

4. Kalawan kaping patira | tapa ngluwat amêndhêm jroning siti | iya iku têgêsipun | aja ngatokkên uga | ing bêcike awake dhewe puniku | miwah lawan lakunira | pêndhêmên dipun arêmit ||

5. Kalamun ta malihira | dipun andhapasor sarèh ing budi | dèn kalah§ Prayoginipun / dèn ngalah /. ing parapadu | utamakna ing lampah | iya iku wong bêkti marang Hyang Agung | iku aranne wong lanang | iya wong mênang prang sabil ||

6. Iku ganjaraning benjang | cinacadhang manggon ing sawarga-di | ingkang dahat adiluhung | kang aran Darussalam | sarwa muwah adi-adi sakalangkung | pan sampun karsaning Allah | kang duwe wong aprang sabil ||

7. Wong aprang sabil punika | nora lawan si kopar lan si kapir | sajroning jajamu iku | ana prang Bratayuda | luwih rame ayuda pupuh-pinupuh | iya lawan dhèwèkira | iku jatine prang sabil ||

8. Sampune amênang aprang | nuli ngancik ing nagri Maèspati | amboyong Kêncanawungu | nuli jumênêng nata | aparentah§ Prayoginipun / amarentah /. sakathahe para ratu | datan ana kang amalang | supami jumênêng aji ||

9. Iku poma alah poma | aywa mamang manahira sayêkti | poma sêtyanana iku | ujar kang dhingin uga | dèn prawira anganggit sajroning kalbu | iku laku kang utama | tan ana ingkang nyamèni ||

10. Lawan malih atakona | sampurnane ing niyat lawan takbir | miwah sahadat puniku | kalawan yèn sakarat | poma radèn puniku ta dipun antuk | lawan sampurnaning pêjah | takokna dipun patitis ||

--- 1 : 136 ---

11. Pan lilima kathahira | gurokêna iku dipun mangêrti | iku sampurnaning kawruh | poma ta dipun angsal | iya iku sira gurokêna kulup | yèn tan amuruk mangkana | dudu gurumu sayêkti ||

12. Yèn sira ayun uninga | bumi pitu lah radèn sun jarwani | kang dhingin bumi rannipun | ingaran bumi rêtna | kaping pindho ingaranan bumi kalbu | bumi jantung kaping tiga | pan kaping pat bumi budi ||

13. Lawan kaping limanira | ingaranan bumi jinêm sayêkti | lawan kaping nênêmipun | ingaran bumi suksma | ping pitune bumi rahsa arannipun | iku wajib kawruhana | têgêse sawiji-wiji ||

14. Ingkang aran bumi rêtna | têgêsipun dhadhanira pribadi | bumining manungsa luhung | iku gêdhong kang mulya | ingaranan astananing Islam iku | lawan kaping kalihira | bumi kalbu dènwastani ||

15. Bumi kalbu têgêsira | astanane ing iman kang sajati | kaping têlu bumi jantung | iku ta ingaranan | astanane anênggih sakèhing kawruh | lan malih kaping patira | ingaranan bumi budi ||

16. Bumi budi têgêsira | astanane ing puji lawan dhikir | lawan kaping limanipun | bumi jinêm têgêsnya | ingaranan astanane sih satuhu | lawan kaping nêmme ika | bumi suksma dèn arani ||

17. Utawi kang bumi suksma | iya iku astanane ing ngèlmi | nênggih kaping pitunipun | ingaran bumi rahsa | bumi rahsa apan iya têgêsipun | astananing§ Prayoginipun / astanane /. ing paningal | asmaradana gumanti ||

41. Asmaradana

1. Radèn kawruhana malih | prakara kang langit sapta | ana ing sira dununge | poma-poma dipunpirsa | langit kang ana sira | mara ngong jarwani kulup | dèn bêcik pidhangêtira ||

2. Dhingin langit roh-jasmani | dene langit ping kalihnya | langit roh-nabadi ranne | roh-napsani kaping tiga | dene langit kaping

--- 1 : 137 ---

pat | roh-rokani wastanipun | dene langit kaping lima ||

3. Ingaranan roh-nurani | langit kaping nêmme ika | roh-rabani ing wastane | langit kaping pitu ika | roh-kapi wastanira | anênggih ing têgêsipun | langit roh satunggal-tunggal ||

4. Têgêse langit jasmani | tinitahakên ing Allah | amêpêki ing uripe | ana ing jasat sadaya | langit roh-nabadi ka | amêpêki uripipun | salire badan sadaya ||

5. Ingkang langit roh-napsani | amêpêki ingkang karsa | karêpe badanne kabèh | langit roh-rokani uga | mêpêki ngèlmunira | sakèhe badan sadarum | langit roh-nurani ika ||

6. Amêpêki cahyanèki | sakèhe badan sadaya | langit roh rabani radèn | amêpêki adhêpira | ingkang badan sadaya | lan langit roh-kapi iku | pan pêpak pasrahing badan ||

42. Mijil

1. Baya pantês pinupuha mijil | ingkang winiraos | kanugrahan lawan nugrahane | lawan sapa ingkang nugrahani | nugraha sayêkti | mungguh ing Hyang Agung ||

2. Kanugrahan mungguh ing sirèki | nugraha Hyang Manon | anglir bêdhug tinabuh snepane | tetabuhe nugraha sayêkti | unine sayêkti | nugrahan rannipun ||

3. Anadene kang narima ugi | sihira Hyang Manon | pan puniku janma ingkang luwèh | kang narima sihira Hyang Widdhi | saobahe ugi | nugrahan puniku ||

4. Solah tingkah muna-muni iki | nugrahan Hyang Manon | ganda swara miwah paningale | panarimèng dadiya sawiji | dadi wong linuwih | benjang lamun lampus ||

5. Dene iya wawadhahing ngèlmi | pirsakna sayêktos | ngèlmu iku aja akèh-akèh | yèn rinicik dadi nora bêcik | yèn layar ing pati | aja kèh kadulu ||

--- 1 : 138 ---

6. Aja kalingan ningal-ningali | kang abangsa êroh | roh-ilapi nênggih ling-alinge | kang apêtêng wadhag kang jasmani | pan iku sayêkti | panasaran tuhu ||

7. Lah ta iku dêdalane benjing | kang kasasar kang wong | lanumlamun. nora bisa panuksmane | yèn wis bisa nuksma wujud siji | wujudira ugi | wujuding Hyang Agung ||

8. Iku ingaranan wadhah ngèlmi | wujudmu sayêktos | pan ingakên Dattolah jatine | wulunira wuluning Hyang Widdhi | kulitmu sayêkti | kulite Hyang Agung ||

9. Sungsum balung otot daging gêtih | kagungan Hyang Manon | samubarang jroning badan kiye | iya iku sangking Hyang kang Luwih | apan iku ugi | wawadhahing ngèlmu ||

10. Iya ngèlmu ingkang dèn wadhahi | pan adi Hyang Manon | poma iku wêkasingsun anggèr | dèn agêmi lawan dèn nastiti | têgêsipun gêmi | dèn aja kawêtu ||

11. Lan malihe têgêse nastiti | saprentah Hyang Manon | dèn waspada sak ngèlmu-ngèlmune | dipun têrus lair lawan batin | ywa sok padu ngèlmi | lan wong liya kulup ||

12. Yèn tan wêruh ngèlmune Hyang Widdhi | kathah winiraos | upamine kali akèh-akèh | kali gêdhe lawan kali cilik | karsane pan sami | jêbul samodra gung ||

13. Sasênênge samya golèk margi | ana ngetan ngulon | ngidul ngalor sasênêng-sênênge | dene karêp jêbul ing jaladri | ywa maido ngèlmi | tan ana kang luput ||

14. Ywa kawongan santri gundhul kaki | sok pradondi padon | ingkang bênêr sapa (m)bênêrake | sisip sapa nisipakên kaki | aniruwa ugi | mundhak apa iku ||

15. Santri gundhul kang samya pradondi | kang kawongan êndhog | ingkang putih amung (n)jaba bae | ingkang (n)jêro apan warni abrit | lir kukila paksi | tinon cilam-cilum ||

16. Agung gawe pan asaba warih | lamun ana kodhok | pan minangsa iku wawatêke | puluh putih lir kuntul kang pêksi | nyandhang sarwa putih | yèn tinon amulus ||

--- 1 : 139 ---

17. Pakanane langkung (n)jêjêmbêri | radèn wêkasingong | mung puniku tampanana kabèh | ngèlmuningong anggèr sampun ngênting | nanging ingong mêling | marang sira kulup ||

18. Wêkasingong mung kari sawiji | poma dèn kalakon | aja ajubriya sira radèn | lan sumêngah aja anglakoni | lah dèn ngati-yati | ywa kasupèn kulup ||

19. Anadene têgêsipun kibir | masthèkakên kang wong | ala bêcik kapasthi anane | kang sumêngah têgêse sayêkti | (m)bêcikakên dhiri | sabudine punggung ||

20. Kacarita wit sowan sang pêkik | ngantya wêktu Suboh | datan ebah sangking ing ngarsane | sang sèh luhung angandika aris | kulup kang kawijil | kabèh tuturingsun ||

21. Nambahana ing kawruhmu kaki | lawan wêkasingong | sira banjur mangulona radèn | gunung Sawal ana maharêsi | pan sadulur mami | tur kaprênah sêpuh ||

22. Nora arsa manut sarengating | (n)Jêng Nabi kinaot | isih kukuh ngukuhi Budane | lamun ana kang ngasorkên maring | ing kadibyanèki | dhandhang suka anut ||

43. Dhandhanggula

1. Aran Wasi Narawita kaki | hya sumêlang ingsun jangkung sira | lah uwis mangkata radèn | Sèh Sêkar wusing atus | pangandika datan kaèksi | mung kantun sabatira | ki Sabar ki Maklum | Rahadyan kantun anggana | ngandika ris nêdha kaki salah siji | andika antêrêna ||

2. Kaki Sabar ingkang têdah margi | anèng ngarsa tan rêkasèng lampah | Sèh Sêkardlima kramate | lêpas ing lampahipun | wus angancik ing Sawal wukir | rahadyan angandika | bangêt tarimèngsun | ki Sabar sira wangsula | Gathak Gathuk kariya ngandhaping wukir | ingsun munggah priyangga ||

3. Wus uminggah radèn Jayèngrêsmi | Rêsi Narawita datan samar | lamun dhatêngan wiyose | janma nung dibya ngèlmu | wasi Nara umapak aglis | rahadyan ginunturan | sela datan surut |

--- 1 : 140 ---

sarira asrah ing Suksma | praptèng arga mandhêg ing sela matindhih | lir undhaking ancala ||

4. Ing ancala wus kongkal katitih | sigra jumênêng lambunging arga | ki Ajar sangsaya tyase | mojar Hyang gurunipun | sang alaba punapa kardi | dhatêng wukir patapan | rahadyan lingipun | iya pakoning Pangeran | karyaningsun Ki Ajar marang sirèku | amardi akon Islam ||

5. Lah Islama Ki Ajar dèn aglis | myang pangandhêg miwah ta ing dhadhang | kuncara mangulu kabèh | ingindhang gurunipun | èsmu bangga dènnira angling | emane ingsun Islam | yèn tan kasor kawruh | myang kadi ing kasantikan | sigra ngambil kang tigan anulya prapti | tinumpuk anèng ngarsa ||

6. Ing ngarsane rahadyan ngambili | kang nèng ngisor prandene tan tiba | kang ana ing luhur dhewe | Ki Ajar sigra nambut | kang cupumas pan isi warih | ginantung anèng wiyat | rahadyan anêmbung | ing jungkat anulya pasah | mawut kèri toyane datan tumitis | Ki Ajar karepotan ||

7. Kyai Ajar kêthunira aglis | inguncalakên dhatêng ngawiyat | lir paksi krêndha ibêre | rahadyan sigra wau | ngracut kaosira anuli | nguncalakên ngawiyat | anitihi kêthu | prabawa wus katitihan | dyan Ki Ajar lumumpat sarwi sêmadi | andunung ronning pisang ||

8. Lagi arsa wau dèntitihi | sang abagus wus ana ing kana | jumênêng anêng pupuse | Ki Ajar sigra wangsul | nulya ngobong mêrunirèki | mubal ingkang dahana | Ki Ajar umangsuk | rahadyan wus anèng kana | andhingini jumênêng madyaning gêni | Ki Ajar karepotan ||

9. Kaputêran saisining wukir | amung gêntha kakêlèng kêncana | nyanane tan wruh prênahe | rahadyan pan wus ayun | pan sarira durgamaning sih | cipta anglêbur gêntha | rêmêk anggalêpung | rahadyan angling mring ajar | wutuhêna brahalamu kabèh iki | Ki Ajar datan bisa ||

10. Kyai Ajar kewuhan ing ati | dadya atêmbung dhatêng rahadyan | lah mara wutuhna age | arca agêntha iku | radyan sigra

--- 1 : 141 ---

nanêdhèng Widdhi | katarima kang donga | arca sampun wutuh | rahadyan akon Islama | lingira Jar yèn uripêna wong mati | sun idhêp ujarira ||

11. Lamun sira wus nyata sayêkti | ngilangêna padhang lawan wulan | kang mati uripna age | yèn tan gêsang kang lampus | sakathahe sabdanirèki | yêkti ingsun lênggana | tan arsa umanut | rahadyan nulya tumêdhak | amarani kang mati nulya kapanggih | angling kinèn uripa ||

12. Lah uripa sira ingkang mati | iya pakone Hyang Mahamulya | têka maksih mujung bae | rahadyan malih muwus | lah tangiya karsaning Widdhi | sarta lan pakoningwang | jênggèlèk alungguh | urip tan lêngganèng karsa | mring rahadyan mring Ki Ajar nagih janji | aris kang pangandika ||

13. Asêlamma Ki Ajar tan angling | kalingsêman lajêng sinung lara | lumpuh (n)dumuk durakane | nuhun apuranipun | mring rahadyan nuwun jêjampi | rahadyan angandika | Islam tambanipun | angucapêna Sahadat | Kyai Ajar tan suwala anampèni | Sadat anulya mingkrat ||

14. Samengkrade ri sang maharêsi | kukuwunge nêlahi saarga | sumunar katon tejane | sru ascaryaning kalbu | ngunguning tyas datan winarni | tumurun sangking arga | panggya Gathak Gathuk | gupuh matur ing rahadyan | kadipundi dene ngantos kalih ratri | tyas amba kêlap-kêlap ||

15. Radyan mèsêm sarwi awawarti | ungguling prang sang rêsi kasoran | ngantya anon ing tejane | Thak Gathuk manthuk-manthuk | sukaning tyas sukur ing Widdhi | kagyat sang ungguling prang | aningali gunung | ing Carême sukunira | langkung pringga rahadyan tandya lumaris | lêpas ing lampahira ||

16. Langkung rumpil ing marga grêng ngori | kumbang-kumbang ngarasing wulusan | sumêrang ngiring wukire | èngêt kantêping kalbu | maring kadang ingkang lunga nis | nulya manggih talaga | toyanya sumunu | kinubêng ing kayu lata | langkung kathah wowohan ingkang sarwa-di | anêdhêng uwohira ||

17. Lir nambrama ingkang lagya prapti | sung usada mring sang jayaning [ja...]

--- 1 : 142 ---

[...yaning] prang | Gathuk ngaturakên wohe | kêpêl gandanya arum | nanging radyan tan arsa bukti | tansah ginanda-ganda | sêngsêming tyas (n)dulu | talaga kinêpung arga | madyèng tlaga wontên ardi alit-alit | sapta samya gêngira ||

18. Wêning tlaga kasorot Hyang Rawi | gêbyar-gêbyar wayangan saptarga | mawarna-warna warnine | rawe-rawe amanglung | anèng ranu kadya sinoming | dyah adi pinangantyan | angarompyoh sêmu | gumêriting ampèl dênta | katêmpuhing samirana lir panjriting | dyah nêmbe katêrassan ||

19. Lajêng minggah Radèn Jayèngrêsmi | myat patapan sapucaking arga | pala pelak asri tinon | sinalisir rum-arum | sinarojèng kayu teja-di | ingapit parijatha | anjrah anèng ngayun | panggunge munggul katingal | sru kasmaran rahadyan duk aningali | sinêrang dènnya mangsah ||

20. Nênggih ingkang martapa ing wukir | apaparab Wasi Singgunkara | atmaja ri sang pamase | bêdhahing Majalangu | numpang palwa ngambang jaladri | kèndêl ing palabuhan | Cirêbon gya laju | tutruka nèng Cêrme arga | sakalangkung nglangkungi tapanirèki | rahadyan duk uninga ||

21. Mring sang tapa kêsêl sayah urip | lupa cape ilang tan karasa | tumamèng marang ngarsane | sang wiku manggung minggu | Jayèngrêsmi matur mamanis | dhuh sang kulinèng tapa | kang dahat manêngkung | dene sung prabawanira | angramati mring dasih kang kawlasasih | nir ing tyas ingkang murka ||

22. Malah-malah sudira ing tapi | sru kapengin kadiya paduka | têka wingit pasêmone | nêtêpi puja nung kung | ulun èngêt ing guru mami | Sèh Sêkardlima arga | Slamêt dhepokipun | Singgunkara api kagyat | angandika iya tan sira pribadi | kang prapta ngarsaningwang ||

23. Padha olih sabarangkarsèki | kêna barang kang padha sinêdya | nanging iya sapangkate | eh kulup ingsuntutur | ananingsun martapèng wukir | sang rêsi sigra ngandhar | lalampahanipun | ing purwa têkèng wasana | radèn matur mênggah kawaspadan lair | piridanipun etang ||

--- 1 : 143 ---

24. Maharêsi angandika aris | iku kulup mirid saka etang | wuku têlungpuluh kèhe | Warigagêmêt tamtu | ala bêcik uwus kapasthi | ing dalêm sapta dina | tampane kang wuku | ri Dite sèrèn tinampan | kawit Sinta Watugunung kang mungkasi | lah kaki kawruhana ||

25. Dite Paing Sinta amurwani | barang karya bêcik tur raharja | Soma Pon ayu bêcike | babêdhat ambuburu | olèh buron kang dera amrih | Anggara Wage ala | lulungan tan arju | kawêlèh ana ing paran | lola kaelangan guru ingkang bêcik | masah§ Prayoginipun / masang /. wêlah ing sawah ||

26. Buda Kliwon rahayu utami | alulungan salamêt saparan | Rêspati Manis watêkke | ala kalawan ayu | (n)jampènana mata kang sakit | sayêkti aglis waras | suwitaa iku | bisa kandêl kinasiyan | Sukra Paing ala nanging ingkang olih | amamasanga pikat ||

27. Tumpak Êpon ala ingkang kardi | ywa lulungan katadhahan kala | Sinta sèrèn gya tinampèn | Landêp Dite Wageku | atur têmên langkung prayogi | ngupayaa wanita | sayêkti glis antuk | Soma Kaliwon raharja | babêdhaga aglis olèh tur agampil | karya sumur bak toya ||

28. (ng)Gara Manis ala ayu nanging | karya sumur drês wêdaling toya | lulungana tan asuwe | (n)tuk rijêki nèng dlanggung | Buda Paing awon sakalir | karya ywa lunga-lunga | nanging karya susup | jala jaring kang prayoga | Rêspati Pon ing sabarang kardi bêcik | karya sumur bak toya ||

29. Sukra Wage rahayu sakalir | amasanga pêlantih piluwang | aglis antuk buburone | Tumpak Kaliwonnipun | ala aja lulungan kaki | Landêp sèrèn tinampan | Wukir Dite Madu | rahayu ta ngunggahêna | pari marang lumbung iku luwih bêcik | Soma Paing raharja ||

30. Barang karya ingkang luwih bêcik | karya sumur kêbak toyanira | Anggara Pon baranggawe | abêcik tur rahayu | lulungana

--- 1 : 144 ---

manggih rijêki | ing marga tan pantara | Buda Wage ayu | sabarang karya prayoga | Rêspatine Kaliwon rahayu ugi | lulungana kapanggya ||

31. Kêkasihe lamun rare lair | têka ana sandhang panganira | Sukra Lêgi prayogane | mêmarangana ayu | ing têgêse amêmarangi | pikir yun bêbesanan | Tumpak Paingipun | ala aja lunga-lunga | katadhahan ing kala kalawan manggih | kurda-kurda nèng paran ||

32. Nanging rare lair aprayogi | Wukir sèrèn Kurantil kang tampa | Dite Pon sabaranggawe | ala nanging kang ayu | angupaya wadon glis olih | ing Soma Wage ala | sabarang karyèku | lulungan tan têkèng paran | nanging ambêbêdhatambêbêdhag. ambuburu bêcik | Anggara Kliwon ala ||

33. Alulungan katrapan gung sakit | myang sabarangkarya tiba lara | Buda Nis rahayu rèntès | barang karya panuju | angupaya sandhang myang bukti | aglis antuk tur gampang | panuju ing kayun | ing Rêspati Paing ala | pangadhanganing satru anêrang pati | poma aywa lulungan ||

34. Ing Sukra Pon apan ala ugi | aywa lungan yêkti manggih kala | lan kalaran nèng paranne | Tumpak Wage rahayu | amisaya iwak prayogi | mamarangana bagya | barangkarya tulus | Kurantil sèrèn tinampèn | wuku Tolu Dite Kaliwon marêngi | ala aja lulungan ||

35. Nandur pala-brungkah tulus bêcik | Soma Manis rahayu nandura | pala-brungkah dadi wohe | Anggara Paing iku | barangkarya datan prayogi | turunning taragnyana | tuju miwah têluh | ngadhang aywa lunga-lunga | Buda Êpon rahayu sabarang kardi | Rêspati Wage bagya ||

36. Mumundhuta padha suka sami | lan salamêt ana ing dadalan | gantya Sukra Kaliwonne | rahayu tuhu tulus | ingkang urip ing Tumpak Lêgi | rahayu nambanana | sakit bisa mantun | kalawan pitulunging Hyang | mangkya wuku Tolu sèrèn dèntampani | Gumbrêg kadangnya mudha ||

--- 1 : 145 ---

44. Sinom

1. Gumbrêg Dite Paing ala | barangkarya tan prayogi | lunga kasêngkalèng paran | Soma Êpon ala ugi | ringkêl gulu sapalih | lungan kalaran nèng purug | Anggara Wage ala | nanging tuku iwèn bêcik | lan nambani wong edan pan bisa waras ||

2. Buda Kaliwon raharja | mamarangana prayogi | padha suka sugih sanak | ing ari Rêspati Manis | rahayu tur sayêkti | sabarang karyane èstu | lêlungan slamêt paran | Sukra Paing barang kardi | apan bêcik lulungan suka nèng paran ||

3. Tumpak Êpone raharja | sabarang karya utami | rijêki apan tumêka | bukti dhatêng amimbuhi | Gumbrêg sèrèn tinampi | Wrigalit Dite Wageku | ala nanging (m)bêbêdhat | bêburu antuk kang pinrih | Soma Kliwon rahayu amumundhuta ||

4. Padha suka ing paturan | (m)bubrah omah mèt guruning | omah apan bêcik uga | (ng)Gara Nis rahayu kardi | sumur akêbak warih | ing Buda Paing rahayu | barangkarya prayoga | bukti dhatêng wanti-wanti | padha suka ing Rêspati Pon pan ala ||

5. Ywa lunga lan aja lena | pangadhangan satru sêkti | ing Sukra Wage raharja | salamêt kapanggih urip | alulunganna bêcik | Tumpak Kliwon ala ayu | nanging lêkasa tarak | olèh cahya anêlahi | lan sabarang karêp sayêkti katêkan ||

6. Wriga-lit sèrèn tinampan | Wariga-gung Dite Lêgi | rahayu karyaa tumbal | susuwuk ama sakalir | karya susuk prayogi | miwah karya tumbakipun | Soma Paing raharja | mumundhut suka lêstari | anèng paran angguntur wisma prayoga ||

7. Anggara Êpon raharja | amasanga sisirêping | ing sakèhing wisa-wisa | lan sakèhing maling sêkti | tan tumamèng sirèki | karya tumbal apikantuk | Buda Wage raharja | akaryaa sumur bêcik | lan sabarang karya iku bêcik uga ||

8. Ing Rêspati Kliwon ala | pangadhanging satru sêkti | dèn prayitna aywa lena | Sukra Nis rahayu yêkti | sabarang akryakarya. bêcik | lulungan suka ing puruk | Tumpak Paing raharja | prayogi suwita maring | ing wong agung antuk asih myang kawiryan ||

--- 1 : 146 ---

9. Wrigagung sèrèn tinampan | ingkang wuku Julungwangi | Dite Pon ala sabarang | -karya aja lungan kaki | Soma Wage basuki | dum-duman dunya pakantuk | palane kinèdhêpan | Anggara Kliwon tan bêcik | aja lunga kasangkala gring nèng dalan ||

10. Sabarang kang padha nyawa | iku dadi sangkalèki | Buda Nis bêcik nandura | pisang palakirna dadi | myang rangkat iku bêcik | Rêspati Paing rahayu | masang tumbal wurungan | karya wêlah iku bêcik | Sukra Êpon rahayu sasolahira ||

11. Lungaa nanagih utang | tan asuwe nuli olih | kang katêkan padha suka | Tumpak Wage tan prayogi | barang karya tan bêcik | uwas-pangantèn rannipun | sèrèn kang julungsêkar | wuku Sungsang ingkang tampi | Dite Kliwon ala aja alulungan ||

12. Kalaran ana ing marga | nèng paran amanggih isin | Soma Manis gawe tumbal | -ling omah lan sabin bêcik | tuna kang mrih tan bêcik | [...] |Kurang satu baris: 8u. nyanjataa mèt mina | ringkêling buron sakalir | Buda Êpon rahayu sabarang karya ||

13. Lulunganna sukèng paran | Rêspati Wage prayogi | arangkatta bêcik uga | sanake pracaya sami | Sukra Kaliwon bêcik | yèn rare lair puniku | ana rijêkinira | Tumpak Lêgi tan prayogi | luwih ala alaning kang barangkarya ||

14. Sungsang sèrèn tinampènan | Galungan ing Dite Paing | ala ing sabarangkarya | nanging pasang tutumballing | wurunging sirêp bêcik | Soma Êpon ambuburu | olèh buron akathah | Anggara Wage maringi | marang pêkir bêcik ing pandonganira ||

15. Buda Kaliwon raharja | lêkas tarak antuk idi | arangkatta bêcik uga | Rêspati Nis ala bêcik | lungan datan prayogi | kasêngkala nèng dêlanggung | ngunggahna pantun marang | ing lumbung ingkang prayogi | Sukra Paing luwih bêcik tur utama ||

16. Lulunganna sukèng paran | barang karêpira olih | Tumpak Êpon ngulatana | wong minggat tan suwe panggih | Galungan wus tinampi | Kuningan Dite Wageku | rahayu udan êmas | lamun ana rare lair | asugiyan tur wruh marang ing kêkadang ||

17. Soma Kaliwon raharja | anambanana wong elik | dadi atut apês kuwat | ngupaya pangan prayogi | (ng)Gara Nis nagih olih |

--- 1 : 147 ---

Buda Paing ngupayèku | wong minggat aglis panggya | Rêspati Pon ala yêkti | Sukra Wage kang prayoga macak tumbal ||

18. Keringan yèn ana aprang | liyèku kabèh tan bêcik | Tumpak Kaliwon raharja | nagiha utang pakolih | Kuningan wis tinampi | Langkir Dite Nis rahayu | nanandura sabarang | bisa bukti uwohnèki | Soma Paing rahayu yèn ana bocah ||

19. Lair ana rijêkinya | lungan rijêki (n)dhatêngi | Anggara Êpon raharja | lungan rijêkine nganti | lan ingadhangan bukti | lare lair apikantuk | ana sandhange benjang | ing Buda Wage basuki | alêkassa tarak antuk cahya mulya ||

20. Antuk idi katarima | Rêspati Kliwon basuki | ngurit wiji lêkassana | bêcik myang tulus ing wuri | Sukra Manis basuki | mamarangana pakantuk | anandur pala bungkrah | Tumpak Painge basuki | padha suka bungah amamarangana ||

21. Langkir sinèrènkên marang | Mandhasiya ingkang tampi | Dite Êpon ala aywa | kelangan iku marêngi | kèh satru angadhangi | Soma Wagene rahayu | gawe wisaya mina | jala sèsèr jaring slundhit | miwah krakat iku watêke sêrêppan ||

22. Anggara Kaliwon ala | pangadhangan satru sêkti | dèn prayitna aja lunga | Budane Manis prayogi | mêmundhut padha olih | (ng)guntura omah rahayu | Rêspati Paing karya | mumundhuta padha olih | Sukra Êpon rahayu karya bêndungan ||

23. Bisa pêpêt kaduluran | Êsri lan pasanjan bêcik | Tumpake Wage kaliwat | bêcik kukuh dènajrihi | marangana pan bêcik | padha suka ing tyassipun | yèn atintrim mungsuhnya | Mandhasiyane gumanti | Julungpujud Dite Kaliwon raharja ||

24. Gawe pawong mitra lawan | (ng)guguru bêcik lan asih | Soma Manisse raharja | ngupaya istri glis olih | (ng)Gara Paing basuki | lungan na rijêkinipun | padha ngadhang tur suka | barangkarya antuk bukti | Buda Êpon raharja sabarangkarya ||

25. Rêspatine Wage ala | barang karya tan prayogi | aja lunga nêmu kala | Sukra Kaliwon tan bêcik | sabarang sêdyanèki | lulungan ala kalangkung | Tumpak Lêgi raharja | angunggahna pari maring | lumbung bêrkat Julungpujut sèrèn marang ||

--- 1 : 148 ---

26. Pahang Dite Paing ala | aja lungan yèn nglampahi | lungan katiban ing tangan | Soma Êpon ala ugi | ywa lulungan sirèki | Anggara Wage winuwus | ala ywa lunga-lunga | kalaran nèng papan yêkti | Buda Kliwon raharja sabarangkarya ||

27. Awiwit sawah prayoga | Rêspati Manis basuki | ngupayaa pêksi gangsar | Sukra Painge kaluwih | ala ywa lungan pêsthi | ana ing marga tinêluh | nging bêcik (ng)guntur omah | Tumpake Êpon basuki | nambanana ing wong lara dadi waras ||

28. Pahang sèrèn wus tinampan | Kruwêlut Dite Wage-ki | uwas-pangantèn ing paran | nanging masang tutumballing | wurungan blai bêcik | Soma Kaliwon raharja | mamarangana yogya | mêtu dunya-palanèki | (ng)Gara Manis ala aja lunga-lunga ||

29. Kalaran agêng tinêmah | Buda Paing ala ugi | sadina ywa lunga-lunga | Rêspati Êpon basuki | mumundhut suka olih | angguntur omah sarêju | Sukra Wage masanga | tumbal wurungan abêcik | tan tumêka kang samya asêdya ala ||

30. Tumpak Kaliwonne ala | nanging gawe wêlah bêcik | banjur age pinasanga | Kruwêlut sèrèn tinampi | Marakèh Dite Lêgi | rahayu yogya nanandur | pala kalawan bungkrah | Soma Paing ayu ugi | barangkarya (ng)guntura omah prayoga ||

31. Anggara Pon aja lunga | nèng paran kataman sakit | Buda Wagene raharja | sabarang karyane bêcik | mung lungan ala yêkti | uring-uringên nèng purug | Rêspati Kliwon arja | mumundhuta suka olih | nambanana wong lara anulya waras ||

32. Sukra Lêgi kang prayoga | masanga barang-piranti | gajêg luwang sèsèr jala | sapanunggalane bêcik | Tumpak Paing basuki | lulungan slamêt nèng pruugpurug. | Marakèh sèrèn marang | wuku Tambir ingkang tampi | Dite Êpon ala aja lunga-lunga ||

33. Manggih kala wêwatêgnya | Somane Wage basuki | lulungan na bêgjanira | rawuh ing sadina mangkin | (ng)Gara Kasih basuki | nandura pala-gumantung | andadi uwohira | Buda Nis ala ywa nganti | lunga tinut wingking sagunging lêlara ||

34. Rêspati Paing raharja | lêkas ngurit gadhu bêcik | Sukra pon rahayu lungan | sinung pêpak rijêkining | Tumpak Wage utami |

--- 1 : 149 ---

purnama siddhi rannipun | barang karya prayoga | wuku Tambir sèrèn maring | Madhangkungan Dite Kaliwon atampa ||

35. Masanga tumbal wurungan | sisirêp datan prayogi | kang samya asêdya ala | Soma Nis rahayu yêkti | angunggahêna pari | mring lumbung brêkat kalangkung | (ng)Gara Paing prayoga | masang tumbal tumbak bêcik | Buda Êpon ala ing sabarangkarya ||

36. Pitnah têka ambêbeda | ujar dènajarkên yêkti | Rêspati Wage raharja | lulunganna aprayogi | angadhang anèng margi | Sukra Kliwon ala amung | angadonana upas | iku pasthi bisa mandi | Tumpak Lêgi rahayune datan pêgat ||

45. Mêgatruh

1. Amundhuta padha suka lamun (ng)guntur | omah kalangkung prayogi | Madhangkungan sèrèn gupuh | mring Maktal ing Dite Paing | ala lungan kaprêk lumpoh || 2. Soma Êpon ala bêcik têgêsipun | madya (ng)Gara Wage-nèki | ala ywa lunga puniku | satogalak angadhangi | Buda Kliwon karahayon ||

3. Amamarangana padha sukanipun | akèh pialanirèki | Rêspati Manis rahayu | sabarangkarya ananging | lulungan wêkasan awon ||

4. Sukra Paing ala ywa lungan sirèku | tukaran ana ing margi | Tumpak Êponne rahayu | mamarangana utami | padha suka trusing batos ||

5. Maktal sèrèn tinampèn ing Wuye wuku | Dite Wage amarêngi | karya padha sukèng kalbu | mitoni lare prayogi | Soma Kliwon langkung awon ||

6. Ywa lulungan nèng paran wirang tinêmu | Anggara Manis abêcik | barang karya anênandur | pala-pêndhêm aglis (m)bukti | Buda Paing karahayon ||

7. Anggaweya sèsèr jala srêpan antuk | Rêspatine Êpon bêcik | lungan na rêjêkinipun | Sukra Wage ayu yêkti | ngadoni upas pitados ||

--- 1 : 150 ---

8. Tumpak Kliwon rahayu karyaa iku | ragi kaduluran manis | Wuye sinèrèn kêtampan |Guru lagu seharusnya : 8u, Wuye sinèrèn kêtampun. mring Manail Dite Manis | uwas pangantèn pan awon ||

9. Nanging anjaringa pêksi aglis antuk | Soma Painge basuki | alulunganna pakantuk | suka kang sira parani | nandur kêmbang pulu dados ||

10. Anggara Pon alulungan tan pakantuk | Buda Wagene basuki | suka sugih ngupayèki |Guru lagu seharusnya : 8u, suka sugih ngupayèku. sandhang nandur cikal bêcik | Rêspati Kaliwon awon ||

11. Ywa lulungan Sukra Manisse rahayu | ana rêjêki anganti | nèng marga tan tara dangu | Tumpak Paing ayu kardi | ing sabarang rêna yêktos ||

12. Anandura bêcik miwah gêlis subur | Manail sèrèn tinampi | Prangbakat Dite Pon iku | ala lungan nêmu gêring | Soma Wage ayu rawoh ||

13. Ing rêjêki rare lair sugih èstu | Anggara Kasih tan bêcik | aja lungan kandhêg dlanggung | kêna ing gêgêring nanging | ana bêcike ngundhuh woh ||

14. Buda Manis rahayu ngunggahna pantun | marang lumbung ambêrkati | Rêspati Paing alèstu | ywa lulungan pangadhanging | satru dèn prayitnèng kewoh ||

15. Sukra Êpon ala lunga rogèng purug | Tumpake Wage basuki | ana bêgja agêng rawuh | lunga têmu kang kinapti | Prangbakat wus sèrèn gupoh ||

16. Tinampèn ing Bala Dite Kliwon ayu | rahmat agêng andhatêngi | ngulatti wong glis kêtêmu | Soma Nis rahayu ugi | lungana bêgja glis rawoh ||

17. (ng)Gara Paing karya wisaya pakantuk | Buda Pon lunga prayogi | ana bêgja ngadhang dlanggung | Rêspati Wage akardi | sumur bêcik tan rêkaos ||

18. Amamarangana padha sukanipun | lawan barangkarya bêcik | Sukra Kliwon ala tuhu | aywa lungan pangadhanging | satru dèn angatos-atos ||

--- 1 : 151 ---

19. Tumpak Lêgi lungan nèng paran rahayu | Bala sèrèn Wugu tampi | Dite Paing ala èstu | ywa lungan nèng paran agring | myang katêkan pitnah kaot ||

20. Soma Êpon rahayu lulungan sarju | ana bêgja ngadhang margi | miwah glis praptaning purug | Anggara Wage prayogi | lêkas ngurit wiji manggon ||

21. Gêlis mangan uwohe ingkang tinandur | Buda Kliwon ala yêkti | pangadhangane kang satru | kêna tan bisa malêssi | Rêspati Manis pitados ||

22. Bêcik padha ananandur pasthi tulus | Sukra Paing rahayu-di | mamarangana sarêju | karya sumur kêbak warih | lungan bêcik sukèng ngênggon ||

23. Tumpak Êpon rahayu mumundhut (ng)guntur | omah lungan kabèh bêcik | Wugu sèrèn wus sinambut | Wayang Dite Wage ari | bêcik barangkaryaning wong ||

24. Nanging êsok doracara datan tuhu | Soma Kliwon ala ywa nis | satêmah agring nèng purug | ana kala ngadhang margi | (ng)Gara Manis karahayon ||

25. Lulunganna ana bukti ngadhang dlanggung | kalawan kapanggih Êsri | nanging taliwangke nuju | Buda Paing barangkardi | bêcik nanging lungan awon ||

26. Rêspati Pon rahayu barang karyèku | lulunganna ana bukti | ngadhang marga datan dangu | Sukra Wage ala yêkti | lungan kalaran ing pondhok ||

27. Tumpak Kliwon ala sabarang karyèku | nanging masang tunggal bêcik | Wayang sèrèn mring Kulawu | ri Dite Manis basuki | bêcik tuku iwèn babon ||

28. Anambani lara dadi warassipun | Soma Paing aprayogi | ngusadani saliripun | sasakit muliya jati | lawan istijab sayêktos ||

29. Anggara Pon aja lulungan saèstu | katêkan ingkang sasakit | Buda Wage ala lamun | lungan satru angadhangi | nging mèt mitra sae yêktos ||

--- 1 : 152 ---

30. Suka sugih Rêspati Kliwon alèstu | ponang satru angadhangi | kêna tanpa malês ambruk | Sukra Nis rahayu luwih | bêcik ananandur dados ||

31. Tumpak Paing bêcik barang pakaryèku | lulungan salamêt ugi | Kulawu sèrèn mring Dhukut | Dite Pon rahayu bêcik | tutukuwa sapi kêbo ||

32. Soma Wage rahayu rijêki suguh | karya lair darbe bukti | Anggara Kasih tan ayu | ywa lunga-lunga sing panti | Buda Manis karahayon ||

33. Mumundhuta padha suka wah pikantuk | aguntur omah basuki | Rêspati Paing rahayu | ing sabarangkarya bêcik | amamarangana dados ||

34. Sukra Êpon rahayu wong tani iku | padha witta ngurit bêcik | akèh bangêt parinipun | Tumpak Wage ala kardi | aywa lunga-lunga awon ||

35. Dhukut sèrèn tinampan ing Watugunung | Dite Kaliwon mungkassi | aywa tuku suku catur | kêbênêran lawan bêcik | Soma Nis rahayu yêktos ||

36. Alêkassa ngurit pantun yêkti tulus | (ng)Gara Paing ala yêkti | ywa lunga gring anèng purug | Buda Êpon ala ugi | ywa lungan kasangsayèng (n)don ||

37. Krana-bumi pipitu aran puniku | Rêspati Wage basuki | lulungan slamêt ing purug | lare lair aprayogi | sandhang panganne dumrunoh ||

38. Sukra Kliwon ala ywa lungan sirèku | anèng paran antuk agring | lare lair tan pakantuk | gêringan sungkanan yêkti | TampakTumpak. Manis karahayon ||

39. Ing sabarangkarya bêcik ananandur | pala kabrungkah mêtoni | lah iku pathokaningsun | anak putu ingkang apti | pucung tatanya maring ngong ||

--- 1 : 153 ---

46. PocungTeks asli: Pucung.

1. Jayèngrêsmi dahat pangunguning kalbu | atul ing petangan | tan ana ingkang katalip | sang awiku wus tan mawi pêpèngêtan ||

2. Papannipun dumunung sajroning kalbu | tulise èngêtan | ginusthi raina wêngi | winimbuhan pinuja pininta ing Hyang ||

3. Mila tamtu ing sabda tan amarucut | wasana ris turnya | hèh risang tuhu utami | ing tyas ulun sakalangkung sukarêna ||

4. Myarsa tutur ari wuku dhaupipun | sanggyaning pakaryan | awon pênêtpênêd (dan di tempat lain). kacêtha ring | tan (m)barojol sudibyaning jalma tama ||

5. Sang awiku langkung sukarênèng kalbu | aris angandika | pedahe mahas ngasêpi | waspadèng tyas mêlêng barang kang sinêdya ||

6. Ana maning dadi paraboting mau | lah kawikanana | lakuning naga myang jati | -ngarang rijal manggon nèng keblat sakawan ||

7. Sabên têlung sasi ngalih ênggonipun | puputing sawarsa | bali manggon kala wiwit | tinumbukkên lan sasi agama Islam ||

8. Awit sasi Sura Sapar têkan MulutMulud. | jatingarang wetan | sirah naga manggonnèki | êlor-wetan pêthite ana ing têngah ||

9. Wêtêng anèng êlor-kulon gya dumunung | gigir kidul-wetan | mangetan dènnya ngalirik | rijal êlor jangkêp tri-sasi tinampan ||

10. Ing Rabingulakir Madilawal myang Ju | -madilakir wulan | jatingarang manggèn aglis | kidul bênêr sirah naga kidul-wetan ||

11. Pêthit têngah wêtêng lor-wetan puniku | gigir dul-kulonnya | ngalirik mangulon nênggih | rijal wetan lêrês sèrèn wus tinampan ||

12. Rêjêb Ruwah kalawan Pasa sitèngsu | jatingarang manggyan | ing kulon sirah naga-di | ana kidul-kulon pêthit manggon têngah ||

13. Wêtêng kidul-wetan gigir manggonipun | lor-kulon punika | ngalirik mangulon nênggih | rijal anèng kidul lêrês sèrèn marang ||

--- 1 : 154 ---

14. Sawal Êdul-kangidah Bêsar sitangsu | jatingarang manggyan | ing lor de sirah naganing | êlor-kulon pêthit têngah manggonnira ||

15. Wêtêngipun anèng kidul-kulon nênggih | gigir êlor-wetan | angalirik wetan ugi | rijal ana ing kulon pungkasannira ||

16. Ngalih panti nyingkirana manggonnipun | naga jatingarang | mung iku tan ana maning | kawruhingsun nanging rèhning wus alama ||

17. Kaya-kaya wus sayah gyanngong tumuwuh | bab ing kasampurnan | sumendhe karsaning Widdhi | durung lawas ana wisiking Jawata ||

18. Ujaripun Singgunkara sira besuk | katêkan ngulama | cacaloning oliya-di | iku ingkang pituduh sampurnèng pêjah ||

19. Sira manjing agamane Kangjêng Rasul | Islam tur ginanjar | kamulyan tan owah gingsir | tikêl sèwu kamulyan nikmating dunya ||

20. Hèh ta bagus muga asiya maring sun | asunga pitêdah | mungguh sampurnaning pati | anut marang agama ingkang minulya ||

21. Dyan tumanduk radyan nyêpêng astanipun | rêsi Singgunkara | winêjang Sahadat kalih | purna jati ingikêt têlênging driya ||

22. Mahawiku alon pangandikanipun | Jayèngrêsmi sira | asung sampurnaning lalis | apranyata cacaloning aoliya ||

23. Ingsun tutur kulup marang ing sirèku | ing têmbe katêkan | kang dadya sêdyanirèki | adoh neya katêmu lan kadangira ||

24. Pancaddane saka ing Karang argagung | kang dhêdhepok Karang | Sèh Ibrahim Ibnu Bakrim | ya Ki Agêng Karang satuhu utama ||

25. Sarwa putus patakon tan ana wangsul | lah pruhitanana | gugunên satuturnèki | wusing tampa samoaning wulangira ||

26. Sira banjur maranga karajan agung | aran Wanamarta | pradikan kalangkung alim | darbe suta wanodya yu tanpa sama ||

27. Lamun sira dhinaupkên lan sang ayu | poma lakonana | sawuse sira akrami | pan ing kono wus cêdhak lan sêdyanira ||

--- 1 : 155 ---

28. Nêngna atus pangandikanya sang wiku | musna tan katingal | sampurna saraganèki | yata wau rahadyan kantun anggana ||

29. Gandrung-gandrung lam-lammên wiraosipun | rahadyan ngandika | Gathak Gathuk uwus lami | anèng Cêrme payo padha nuli linggar ||

30. Wus tumurun marang marga lampahipun | kusuma-di panjrah | pratishèng hawaning wukir | pinarwasa maruta gandanya ngambar ||

31. Angênani ing tyasnya sang anahên kung | sangking Cêrme arga | ngalèr-ngilèn turut wukir | wus angancik sukune ardi Tampomas ||

32. Talatahing Priyangan Pasundhan Bandhung | manjat ing Tampomas | anon masjid tunggul asri | kinubêng ing balumbang tinunggul sela ||

33. Kitri taun ngubêngi capurinipun | ron ijêm ngrêmbaka | lagya tumaruna sami | wênèh sêkar karuk pêntil nyadham tuwa ||

34. Kang dhêdhepok Sèh Trênggana wus linuhung | têngah tuwuh lagya | barêgas sêngsêm ing ngèlmi | garwanira Ni Kèn Sitarêsmi raras ||

35. Warna luhung pasaja sasolahipun | yèn siyaga endah | bombrong bae amrakati | darbe putra wanodya sampun diwasa ||

36. Sinung aran rara Ruhkanti linuhung | luwês pamicara | sèdhêt dêdêge raspati | ayu tama kang anon yuda kanaka ||

47. Pangkur

1. Sangking endahing kang warna | sariranya jênar abêngle§ Prayoginipun / ambêngle / = kadosdene bêngle. kêris | mula karannya sang ayu | mupakat Rara Êmas | pra sudagar miwah pangagênging dhusun | kathah kang ngayunkên marang | Rara Êmas dining wukir ||

--- 1 : 156 ---

2. Nanging sang dyah datan arsa | lagya sêngsêm birahi srengat Nabi | datan sah dènnira (n)darus | Kur'an amaos kitab | sru ngibadah tan towong bêkti Hyang Agung | sisirih sunat puwasa | bèlsiwat myang Sênèn Kêmis ||

3. Sèh Trênggana myang Rubiyah | Rara Êmas sabakdaning Ngasêr-i | anèng plataran ngungundhuh | kalampok maja-ganda | kêpêl manggis jêruk kêprok langsêp dhuku | kagyat santrinya tur wikan | kidul-wetan suku wukir ||

4. Wontên dhatêngan têtiga | kang satunggal warnanya langkung pêkik | wênês cahyanya umancur | antêng sêmu dyatmika | ingkang kalih rare kintên rencangipun | Sèh Trênggana duk miyarsa | ature santrinirèki ||

5. Ngandika lon marang garwa | Sitarêsmi cacawissa kang bêcik | sunggata saananipun | lan wisma gêlarana | papatutên ingkang sawatara mungguh | manawa kang nêmbe prapta | ing mêngko kaparêng mampir ||

6. Rara sira ngladènana | garwa putra sandika aturnèki | mundur mring wisma agupuh | ngrêrakit pasunggata | tan antara dangu sadaya wus ramut | Sèh Trênggana wus tumêdhak | marang ing sukuning wukir ||

7. Kapang-kapang uluksalam | radyan kagyat tanggap dènnya mangsuli | mualaikum salamu | tundhuk ajawat tangan | Sèh Trênggana alon pangandikanipun | saking rêsêping tyasingwang | jêbèng sira aja krami ||

8. Marang jênênge pun bapa | mrih rumakêt datan na walangati | padha bêcik sarawuhmu | paran ta kang sinambat | lan ing ngêndi pinangkanira wong bagus | mring êndi kang sira sêdya | pun bapa têmbe udani ||

9. Rahadyan osiking driya | rada wantêr wong iki kaduk manis | pasaja luwês ing têmbung | wasana angandika | pandangunta rama ing kakasih ulun | Jayèngrêsmi sangka praja | Sokaraja ardi Giri ||

10. Grêsik tlatah Surapringga | atmajane Suhunan Prapèn Giri | lagya nglampahi ragèngsun | karsane Kang Misesa | sru kasrakat

--- 1 : 157 ---

tan ana sinêdyèng kayun | sênêng sumêngkèng ngaldaka | marang (ng)gyan kang sêpi-sêpi ||

11. Sèh Trênggana nulya nabda | iya kulup ajwa (n)dêdawa pikir | balik dhangana ing tyasmu | kampir ing wisma amba | kêtêmua bibèkmu lawan adhimu | anakku wadon sajuga | rara Ruhkanti wawangi ||

12. Dangu radyan tan ngandika | Sèh Trênggana mèsêm ngandika aris | aja wagugên ing kalbu | rèh ulun asung wikan | anak wadon tyasmu yèn andakwa ingsun | karsamu mampir jalaran | katarik saka pawèstri ||

13. Iku jêbèng nora watak | radyan matur dahat lêngganèng kapti | wus kerit ing lampahipun | Gathak Gathuk nèng wuntat | gèdhèg-gèdhèg myarsa sabdanya sang wiku | iki si wong aprasaja | tatas têtêg apratitis ||

14. Babasan (n)jaring pawana | lampahira uwus tumamèng panti | lênggah glaran batu alus | ki dalêm angandika | kang sakeca kulup (ng)gonnira alungguh | anggêpènanggêpên. wisma priyangga | (n)dhêku Radèn Jayèngrêsmi ||

15. Garwa putra tinimbalan | praptèng ngarsa sang rêsi ngandika ris | Sitarêsmi wruhanamu | iku atmaja Sunan | Giri Prapèn Jayèngrêsmi kasihipun | mêngko ingsun ambil suta | dadi kadange Ruhkanti ||

16. Mara asunga pambagya | Sitarêsmi pangandikanya manis | padha bêcik sira kulup | prapta ing ngarsaningwang | radyan matur jêng bibi pangèstunipun | rara Ruhkanti sung bagya | kakang katuran basuki ||

17. Iya rara sun tarima | pambagemu marang ing jênêng mami | Sèh Trênggana ngandika rum | Rubiyah sunggatanta | pangêsêsan tapsirih pateyanipun | ywa kari kang nyênyamikan | iki sêlak wêktu Mahrib ||

18. Sunggata luamdyènglumadyèng. ngarsa | apikantuk dènnira angrêsêpi | wus manjing ing Mahrib wêktu | Sèh Trênggana ngandika | payo kulup mring masjid sêdhênge waktu | linggar sangking padalêman | samya ngambil toyastuti ||

--- 1 : 158 ---

19. Tan winarna dènnya wêkdal | bakda Ngisa wangsul mring dalêm malih | wus rinakit dhahar sêkul | sangkêp jangan myang ulam | Nikèn Sitarêsmi aris matur kakung | (ng)gyan ulun sudhiya dhahar | punika sampun cumawis ||

20. Nulya dhahar langkung rahab | Kèn Ruhkanti ingkang anglêladossi | wus dumugi (ng)gènnya kêmbul | linorodakên sigra | maring Gathak Gathuk samya angathêkul | dhasar wus lami tan nadhah | dhaharan lumadyèng ngarsi ||

21. Sangkêp sanggyaning woh-wohan | rêsêping tyas risang ingakên siwi | Sèh Trênggana ngandika rum | kulup paran ing karsa | apa aso utawa isih sarêju | lalênggahan anèng wisma | rahadyan umatur aris ||

22. Kajawi karsanya rama | maksih eca pinarak anèng panti | sambèn ginêm kang pakantuk | ulun aminta barkah | dimèn ing tyas aywa manggung wayang-wuyung | Sèh Trênggana sru karênan | pangandikanira aris ||

23. Apa ing patanyanira | mêngko ingsun jawab ingkang patitis | ngangge wawangsalan mungguh | dimènne aywa kêmba | payo kulup aywa wawang marang ingsun | rama paran urip para | jawabên ingkang patitis ||

24. Lae-lae gudhe pandhak | dhuh-dhuh anggèr nagrinya ing Kuranji | uripira iku kulup | tan mawi paran-paran | puspa ranu wit namaning bujangga gung | uripira kadya sêkar | tunjung tan salaga kaki ||

25. Ngêndi (ng)goning Pangeranta | brêkukut gung pêtis cinandu lêtih | kang angucap mring sirèku | sapa (n)dadèkkên para | paksi kardha putra nata Ngayodyèku | sêdya bakal dadya lawan | dhèwèkira wong ngasigit ||

26. Sapa kang molahkên para | minangkara sring apus gita sami | lae-lae osikingsun | wisesa tanpa krana | lah ing êndi pinangkanira puniku | ingsun saka Sawosêmpal | wismane Hyang Bagaspati ||

27. Saking nora mulaningwang | dadi ana tumitah (n)donya iki | lamun [la...]

--- 1 : 159 ---

[...mun] rama praptèng lampus | mring ngêndi parannira | tapas arèn tala pindha buntalèku | ulih marang awaluya | kaya duk noranirèki ||

28. Jroning pati manggih apa | kunir pita putra ing Janggala sri | jroning pati iku kulup | tan nêmu paran-paran | kaya paran rama sadatira iku | guladrawa prabu-yêksa | purubaya sadat mami ||

29. Tuli bisu lawan wuta | datan pêgat dènnira acariwis | ngêndi (ng)gonne Hyang Suksmèku | tirta-prana pratala | kênèng swara ananing Hyang tanpa nglindhung | ana ing sajroning cipta | kèh katungkul tatakrami ||

30. Hèh ta kulup prana-dina | angun-angun anata praja adi | wus lali jiwa kasaput | ing gunggunging asmara | asmarane tansah gawe wigênèku | babo kulup parangmuka | sela ginênia rèki ||

31. Lae-lae pujinira | akalurung tambuh parannya yêkti | poma-poma ywa katungkul | sêmbahira kang nyata | carma-leka kajungan martalayèstu | gurayang tambuh dènsêmbah | kulup iku tan patitis ||

32. Ngêndi ênggon kang tan mêdal | margaina mara jawabên aglis | Wisangkara putraningsun | gêbang paniwêr wana | kang durung wruh akèh ujar kang karungu | lamun iku kababara | benjang rama ulun ngabdi ||

33. Kulup guguywaning rasa | poma kaki aywa asalah tampi | pranalapa wanita yu | sêdhêp angganda prana | lamun (m)babar wacana tanpa karyèku | babo-babo jambu-alas | jêmpana mung dyah ingèsthi ||

34. Kapok mitra wong tan lana | puspalulut gunung malang Wêlèri | pêgat sihe nora tuhu | kulup wacananira | rama apa kurang ing prabèyaningsun | sêtyanana lamun cidra | wacana kang wus kawijil ||

35. Kadya paran uningakna | pudhak-cêngkal palastraning narpati | Sang Arjuna Sasrabahu | kalamun kababara | mara dhewe kang kawudan iku kulup | wau sawusing ngandika | Sèh Trênggana angêmasi ||

--- 1 : 160 ---

36. Radyan angrungkêpi gêpah | saha matur waspanira drês mijil | rama sira dene banjur | wafat tanpa karana | Sèh Trênggana musna tilar swara arum | tan mati namung kewala | ngalih panggonan sakawit ||

48. Asmaradana

1. Wau ta kang kari brangti | rahadyan myang garwa-putra | nahên gung-gunging prihatos | pinupus wus karsaning Hyang | papasthèn tan kêna-wah | wasana narimèng kalbu | sukur ing Allahu Akbar ||

2. Rara Ruhkanti prihatin | saya birai myang§ Prayoginipun / mring /. Suksma | mindhak kêncêng ngibadahe | cacêgah myang pasa sunat | lumintu sabên wulan | mila sang dyah sakalangkung | mancur mèntèr ujwalanya ||

3. Nikèn Sitarêsmi tuwin | radyan langkung wlas ing driya | muhung miminta Hyang Manon | cêpaking kang jatukrama | antuk jodho utama | mangkana ri sang binagus | lami nèng Tampomas arga ||

4. Anuju sajuga ari | Nikèn Sitarêsmi lênggah | anèng èmpèr ingkang kilèn | putra kalih anèng ngarsa | rara Ruhkanti turnya | kakang paran dunungipun | ingkang kasapta martabat ||

5. Yogya kawruhana yayi | wong birai marang Suksma | ing martabat iku rêke | martabat sapta sadaya | puniku (ng)gènnya mundhak | tingalê wong arib têrus | paningalle maring Suksma ||

6. Akadiyat ingkang dhingin | kapindho martabat wahdat | wakidiyat ping têlune | kaping pate ngalam arwah | ngalam misal ping lima | ngalam ajêsan nêmipun | insan-kamil kaping sapta ||

7. Martabate insan-kamil | milane wontên ing wuntat | ênggone pakumpulane | martabat nênêm kang kocap | batinne iku iya | têtêlu kocap karuhun | laire ingkang sêkawan ||

--- 1 : 161 ---

8. Mangka akadiyat dhingin | ingaranan wujud mutlak | têgêse mutlak ta mangke | ora nyata sipatira | miwah ing asmanira | karanne mangkono iku | durung ana kanyataan ||

9. Ingaranan kun-ijati | têgêse kun ing punika | luhuring aluhur dhewe | dadi bingung ponang akal | tan ana ngawruhana | ing kun ine Hyang Ngaluhur | kandhêk sakathahing akal ||

10. Kang martabat wahdat singgih | ingaranan takyun ngawal | krana Hyang Agung karsane | nyatakakên awakira | kalawan ngèlmunira | mangka nyata ananipun | lan satêngah sipatira ||

11. Ingaranan suku Dat-ti | khakekat Mukamadiyah | têgêse suku Dat rêke | iku kalakuaning Dat | ênggone pakumpulan | ing ngèlmu ênggonne kumpul | lan sakèhing sipate Dat ||

12. Mangka wahkidiyat nênggih | takyun-sani namanira | karana iya Hyang Manon | nyatakakên dhèwèkira | sarta makluk sadaya | miwah lawan sipat ngèlmu | pan sampun apisah-pisah ||

13. Ingaranan akyat sabit | iku khakekat manungsa | têgêse akyanakyat. ta rêke | wus nyata kaananira | bumi langit kasapta | miwah kewan sampun wujud | anèng ngèlmune Pangeran ||

14. Têgêse manungsa iki | lali ing anane wadhak | sampun karêngkuh anane | ing wakitdira Hyang Suksma | dadya tan wruh ing rena | anging rêke ingkang wêruh | kaananira Hyang Suksma ||

15. Ingaran insan kakiki | karana ora apisah | kalawan Dating Hyang Manon | pan ananirèku Suksma | tan mêtu saking hiya | têtêp ana jroning ngèlmu | ing salawase punika ||

16. Mangka nyata ananèki | lawan sipatira pisan | insan kakiki namane | kalawan kang luwih nyata | karana insan ika | kanyataane Hyang Agung | kanyataan jatineka ||

17. Mangka alam arwah nênggih | kanyataane Hyang Suksma | karana iku Hyang Manon | anglairakên kang ana | ing dalêm ngèlmunira | (ng)gènning nyatakakên iku | ing ananing ngalam arwah ||

--- 1 : 162 ---

18. Mangka nyata ananèki | kalawan sakèhing sipat | miwah sakèhing asmane | kalawan kang luwih nyata | karana ngalam arwah | kang dadi gagêntinipun | Hyang Agung kang Maha Mulya ||

19. Ingaran Arwah sayêkti | nur wilayah arannira | karane nama mangkono | lair saking aibira | sanepa lare mêdal | sangking wêtênge kang ibu | lair warnane sadaya ||

20. Mangka ngalam misal ugi | karane ing ngalam misal | dene dadi upamane | kang têtêp ing ngèlmunira | lan nyata ananira | atanapi sipatipun | têtela ngalam ajêsan ||

21. Kang ngalam ajêsan nênggih | iya kanyataaning Hyang | karana iku Hyang Manon | nyatakakên ananira | têtela ngalam ajêsan |§ Langkung sa-wanda Prayoginipun / ajsan /. andadèkakên Hyang Agung | ing anane ngalam ajêsan ||§ Langkung sa-wanda Prayoginipun / ajsan /.

22. Mangkana ananing Widdhi | kalawan kang luwih nyata | têtela jisim anane | iku paesanning Suksma | paesan lair ika | yèku ananing Hyang Agung | paesan nyataning nyata ||

23. Mangka insan-kamil nênggih | ênggonne martabat sapta | nênggih kang aluhur rêke | titiga kang batin ika | la-takyun arannira | suku Dat ping kalihipun | ping tiga akyan sabitah ||

24. Martabat titiga lair | arwah misal lawan ajsan | têgêse ajsan mangkene | kandêl tipising kaanan | kang narima panduman | johar awal sipatipun | miwah apngal lawan mukdas ||

25. Ingaranan insal-kamil | milane aran mangkana | tan apisah kaanane | kalawan kaananing Hyang | nyata ananing purba | lan sipate Mahaluhur | nyata ing insan punika ||

26. Ingaran insan-basari | karane aran mangkana | bangsa jisim iku dene | kang kandêl lan tipisira | owah-owah ananya | karana anane iku | sangking Anasir sangkannya ||

27. Dene anasir anênggih | angin api lawan toya | lêbu punika papate | mulane bineda-beda | wawatêking manungsa | tan ana ingkang akumpul | sakawan datan anunggal ||

--- 1 : 163 ---

28. Watake anasir bumi | asor ing wawatêkira | banyu asrêp ing watake | kalawan asor punika | anasir angin ika | asrêp-angêt watêkipun | gêni watêke apanas ||

29. Kumpul kabèh watêknèki | ing manungsa kabèh ika | darapon angraosake | ing asrêp kalawan panas | nikmat lawan malarat | kang asor kalawan unggul | wawatêkaning manungsa ||

30. Pan wajibing para mukmin | angilowa kang wus kocap | karana iya bênêre | pangilon mukmin sadaya | kang nyata ing Hyang Suksma | ingaranan insan iku | kalawan kang luwih nyata ||

31. Ngandika Nabi sinêlir | sing sapa rêke tumingal | ing sawiji-wiji mangke | yèn tan ningali Hyang Suksma | batalling tingalira | siya-siya ing pandulu | tan angsal dènnya tumingal ||

32. Ing tingale wong kang arip | lêpas wong arip tingalnya | lir ningali wayang rêke | katon ki dhalang kang ana | dhalange pan wus ilang | pangucape dhalang iku | nyata ki dhalang kang ngucap ||

33. Anaa paesan nênggih | wujud kak punika nyata | kalawan suku Dat mangke | lan akyan-sabitah iya | ananing ngalam arwah | lan alam ajsan puniku | sarta Dat sipate pisan ||

34. Dèn bisa sira nampani | ing sakèhe crêmin ika | pan marga sampurna rêke | sakathahing auliya | sami kinèn nêtêppa | andikanira Hyang Agung | sami ngilowa paesan ||

35. Dene ta martabat sangking | ngalam jabarud punika | karana bingung wong akèh | ing sakèhe khak puniku | anyatakakên iya | ing kagungan Mahaluhur | dadia warna martabat ||

36. Mangkana rara Ruhkanti | dumêling dènnya miyarsa | ing raka pangandikane | lungguhe martabat sapta | suruping diwangkara | bibaran arêbut parlu | waktu Mahrib kadya saban ||

37. Sigêg gantya kang winarni | jêng sultan Carbon taruna | sampun amiyarsa wartos | sedanya sang panêmbahan | dhepok ardi Tampomas | tilar putra èstri luhung | ayu praktati utama ||

38. Papatihira tinuding | mring Tampomas mondhongana | ing garwa lawan putrane | cêkaking cariyos budhal | wus prapta ing

--- 1 : 164 ---

Tampomas | panggya lan sang adiningrum | Sitarêsmi sung pambagya ||

39. Caraka binojakrami | nulya mêdharkên ing gita | sultan Carêbon karsane | Nikèn Sitarêsmi lingnya | paran rara karsanta | ywa nganti kaparan tutuh | di prasaja mring si biyang ||

40. Nikèn Ruhkanti lingnya ris | pêjah gêsangku sumangga | (n)dhèrèk sakarsamu bae | miwah dhawuhe si kakang | sakarsa tan lênggana | pituduhe kadang sêpuh | sayêkti kanthi utama ||

49. Kinanthi

1. Myarsa ature kang sunu | wau Nikèn Sitarêsmi | waspa kumêmbêng karantan | èngêt raka kang wus swargi | wasana manis ngandika | mring putra Dyan Jayèngrêsmi ||

2. Babo paran putraningsun | kang dadya rêmbugirèki | ing karsane kangjêng sultan | ingsun lan arinirèki | sira ywa wagugên ing tyas | satuturmu dak lakoni ||

3. Radyan manêmbah umatur | dhuh bibi pupundhèn mami | kajawi karsa paduka | prayogi dipun lampahi | awit karsanipun sultan | tuhu nugrahaning Widdhi ||

4. Yèn pinarêng bêgjanipun | bokmanawi ambaboni | wong agung Carêbon praja | Nikèn Sita duk miyarsi | kamantyan rênaning driya | atur wangsulan mring patih ||

5. (n)Dhèrèk ing sakarsanipun | sampun pradandosan sami | sawusira asamêkta | rahadyan umatur malih | bibi nyuwun pangaksama | ulun tan sagêd umiring ||

6. Ayun (n)dumugèkkên kayun | amung atur ing pamuji | raharjaning kang sarira | ing dunya tumêkèng akir | Allah maringana iman | tinêbihna ing bilai ||

7. Nikèn Sita ngandika rum | mênggah-mênggah waspa mijil | kaki ing pandonganingwang | sinêmbadana Hyang Widdhi | radyan ngandika mring sang dyah | babo nini kadang mami ||

--- 1 : 165 ---

8. Ingsun nyangoni rahayu | winantu sakèhing puji | raina wêngi tan pêgat | kadyangganing toya mili | kasêmbadana sakarsa | lulus ing utama adi ||

9. Yèn sira winêngku kakung | ywa tilar lanjaran nguni | tatuladan kuna-kuna | Kadising Rasulolahi | kang amrih utamaning dyah | antuka sawarga adi ||

10. Kang wêkêl salaminipun | langgêng boya owah gingsir | budinên dipun sampurna | anyingkirana saliring | kang wus ingaranan cacat | tanduk tindaking pawèstri ||

11. Tan kurang tuladan luhung | anggon-anggoning pawèstri | jangji têmên linampahan | ingkang wus kasêbut tulis | anggung kang padha iyasa | yèn nganti tumêkèng nisthip ||

12. Nanging kudu wruh panuju | watêk kabênêran nini | ywa nganggo bênêr kewala | iku angèling dumadi | êmpan papan duga-duga | tangi turu aywa lali ||

13. Sang Dyah mangênjali matur | kakang dhawuhmu tak pundhi | datan luwih pangèstunta | muga bisaa nglakoni | sadaya kang wus kawêdhar | tumancêpa sanubari ||

14. Lamun kakang èstu nglangut | aku (n)dhèrèkke basuki | iya yayi dak tarima | rahadyan ngandika maring | carakanira jêng sultan | nêdha sang anindyamantri ||

15. Cumanthaka canthèl atur | sêmbah sungkêm saha malih | titip rena miwah kadang | aywa kirang pangaksami | caraka (n)dhêku lingira | inggih anak ywa kuwatir ||

16. Samya sasalaman gupuh | rara Ruhkanti ngabêkti | gya bidhal sowang-sowangan | mangkya ing Tampomas wukir | ical sênêning prawata | lir êmbanan tanpa manik ||

17. Kacarita sang rêtnayu | praptaning Crêbon nagari | tan pantara laminira | pinundhut garwa padêmi | ing sultan Carêbon praja | ibu widada mong siwi ||

18. Wibawa wirya kalangkung | gantya wau kang winarni | Jayèngrêsmi Gathuk Gathak | udhunira sangking wukir | tansah mahawan ing arga | ing siyang dalu lumaris ||

--- 1 : 166 ---

19. Kèndêl kalanira wêktu | mangidul minggah ing wukir | Atunggul araning arga | nèng ngriku datan alami | ngalèr ngilèn ngambah arga | ing Tangkubanprau ardi ||

20. Mung tri ari gya tumurun | maring ing Buranggrang wukir | atanapi wukir Wayang | sapta ri gya mentar maring | ngalèr ngilèn anjog arga | Sanggabuwana ing nagri ||

21. Kêrawang kang sisih kidul | nèng kono amung tri ari | tumurun mangidul tlatah | Priyangan Pasundhan nagri | tansah mahawan ing arga | sru karênan umiyat ing ||

22. Asrining kang gunung-gunung | talatah ing Bandhung nagri | jurang sirung karungrungan | arga punthuk tinon wilis | mawèh rêsêping lumampah | sêngsêm sang kulinèng wukir ||

23. Ngênirkên sangsayèng laku | ayêm kang andon lumaris | wus manjat sukuning arga | Gêdhe ing Mandhalawangi | (n)dêdêr karsanya mring puncak | ing arga Mandhalawangi ||

24. Tan ana durgama ketung | lampahnya radyan lêstari | Gathak Gathuk tansèng wuntat | prapta ing lambunging wukir | anon dhukuh sri kawuryan | rahadyan umanjat malih ||

25. Praptèng pagagan sang luhung | pinanggih janma dhêdhangir | miwah amamatun gaga | rahadyan ngandika aris | kaki ulun atatanya | ingriki ran dhukuh pundi ||

26. Myang sintên pangagêngipun | ki dhangir tumênga angling | bagus ngriki raning dhêkah | anut namaning kang ardi | Mandhalawangi punika | dene kang dhêdhepok wukir ||

27. Ajar Suganda jujuluk | paduka kalamun apti | kapanggih lawan ki Ajar | kula tur uning rumiyin | rahadyan manis ngandika | wawi matura ki dhangir ||

28. Kèndêl dènnira mamatun | manggul pacul nyangking kudhi | nginthir mantuk mring patapan | lawan ki Ajar wus panggih | matur yèn wontên dhatêngan | janma tri sajuga sigit ||

29. Ki Ajar ngandikanipun | mara aturana aglis | papaculmu ulihêna | kang kinèn umentar aglis | nyangking kudhinya tarantang | praptèng pagagan wus panggih ||

--- 1 : 167 ---

30. Matur sumangga sang Bagus | kinèn laju kula irit | wus kèrit lampahnya radyan | Gathak Gathuk anèng wuri | Ki Ajar Suganda mapak | sungsung guyu asasanti ||

31. Nyawurakên arum-arum | ngigêl lir mêrak kêsimpir | wus tundhuk asta cinandhak | rahadyan tandya kinanthi | Gathak Gathuk suka mulat | dupi wus prapta ing panti ||

32. Linênggahakên ing salu | Ki Ajar wacana aris | teja-teja sulaksana | tejaning anyar kaèksi | ing ngêndi kanang pinangka | lan sapa sinambating sih ||

33. Rahadyan manis umatur | kula nama Jayèngrêsmi | sangking ing Giri Parapyan | ngupadosi kadang anis | jalêr Jayèngsari nama | kang èstri ran Rancangkapti ||

34. Ki Ajar dangu tan muwus | gèdhèg-gèdhèg ngandika ris | sira kulup dinarima | saka ing pangira mami | lawas enggale kapanggya | tur wus padha sinung luwih ||

35. Mungguh kang dadya sêdyamu | sira kulup marang ngêndi | rahadyan matur manêmbah | sêdyaulun dhatêng Kawis | ananging dèrèng uninga | nglantur (ng)gambuh ing pawarti ||

50. Gambuh

1. Ing Karang iku kulup | tlatah Bantên pungkas kulonipun | tanah Jawa wus tan ana nagri malih | ing kono ana wong luhung | sudibya ngèlmu kinaot ||

2. Alim oliya tuhu | amumpuni ing sakèhing ngèlmu | tan kuciwa apa sakarsaning janmi | darbe putra juga jalu | ibune tumêkèng layon ||

3. Wusing akir kang sunu | tansah dènnya mêmatiragèku | alêlana kongsi tumêka saiki | durung ana wartanipun | ulihe mring Karang dhepok ||

4. Elingku namanipun | Kyagêng Karang Sèh Ibrahim Ibnu | Abubakar asli saking nagri Aib | wus lawas (ng)gonne dumunung | anèng Karang adhêdhepok ||

--- 1 : 168 ---

5. Kapasang yoga kulup | karsanira marang Karang gunung | pruhitaa sayêkti langkung utami | nanging kulup aywa banjur | nyatakêna kandhaningngong ||kandhaningong.

6. Sidike kang linuhung | manêngkunga ana Salak gunung | têmbe sira wus tartamtu dènpondhongi | linuru marang sang luhung | binêkta mring Karang dhepok ||

7. Rahadyan lon umatur | bilih parêng karsanta sang wiku | ulun mangkat samangke mring Salak wukir | Ajar Suganda angguguk | iku ambêke wong anom ||

8. Tan mikir baya kewuh | sayêktine sira durung wêruh | nanging aywa dadi sumêlangmu kaki | aku kang ngêtêrkên besuk | kampir mring tilas karaton ||

9. Ing Pêjajaran kulup | mung angkate kudu ri panuju | ing petungan iladunine kang olih | rahadyan manis umatur | sakarsa ulun rumojong ||

10. Paranta etangipun | iladuni ing wawatonipun | Kyai Ajar Suganda ngandika aris | sajroning sêsasi iku | dina sapta winiraos ||

11. Upama tanggal nuju | ari Sukra kawite kaetung | Sukra siji raharja watêkirèki | Sukra kaping kalihipun | nuju satruning Hyang Manon ||

12. Sukra kang kaping têlu | manggih pati Sukra kaping catur | akèh ingkang samya sarju atitilik | Sukra kaping limanipun | raharja Tumpak ginantos ||

13. Tumpak sapisan iku | satruning Hyang Tumpak ping dwinipun | tuna luput Tumpak tri manggih prihatin | Tumpak ping catur rahayu | Tumpak kaping panca manggoh ||

14. Wahyu Dite winuwus | Dite ping sapisan tuna luput | Dite kaping dwi raharja Dite ping tri | manggih susah Dite catur | raharja sasolahing wong ||

15. Dite ping pancanipun | satruning Hyang gantya ri Somèku | Soma kaping sapisan tuna tan kenging | Soma kaping dwi rahayu | Soma ping tri susah manggoh ||

--- 1 : 169 ---

16. Soma kang kaping catur | raharjadi Soma ping limèku | manggih pati gantya Anggara winarni | Anggara ping pisan iku | satruning Allah sayêktos ||

17. Anggara dwi rahayu | kang Anggara kaping katrinipun | papêgatan Anggara ping caturnèki | raharja Anggaranipun | ping lima amanggih layon ||

18. Gantya ri Budanipun | Buda pisan manggih dosanipun | Buda kaping dwi raharja Buda ping tri | manggih pati Buda catur | raharja tan na wiraos ||

19. Buda ping limanipun | satruning Hyang gantya Rêspatèku | Rêspati kang sapisan amanggih tuni | Rêspati ping kalihipun | satruning Allah sayêktos ||

20. Rêspati tri rahayu | Rêspati kaping catur manggih ru | Rêspati kaping lima satruning Widdhi | wus kêmput dina pipitu | ri tanggal ètang sawiyos ||

21. Lamun (nd)haupkên(n)dhaupkên. sunu | luwih parlu miliya kang sarju | manggih ayu raharja akèh wong tilik | iku salah siji kulup | èstu datan walangatos ||

22. Rahadyan malih matur | wontên tiyang mayu griyanipun | nganthêng-nganthêng ngêntosi mangsa prayogi | kadi paran kang kinayun | têka mangsa kang dènantos ||

23. Sang wiku ngandika rum | wêwatêke mangsa kanggo mayu | awit Kasa tumêka Sadha-nirèki | dhewe-dhewe watêkipun | piyarsakna sun cariyos ||

24. Mangsa Kasa kang umur | patang puluh siji dina iku | nglamat pênêt warêdèn barang pakarti | salamêt sarta sarêju | mangsa Karo winiraos ||

25. Trilikur ari umur | ngalamate tukaran katêmpuh | pakewuh gung mangsa Katiga winarni | patlikur dina kang umur | ngalamat kobongan awon ||

26. Kamalingan kablurut | mangsa Kapat slawe dina umur | nglamat luwih bêcik tur dinunung ing Sri | lan rêjêki tur rahayu | wrêdèn anak jalu wadon ||

--- 1 : 170 ---

27. Mangsa kalima umur | pitulikur dina nglamatipun | sugih anak tur sinungan slamêt nênggih | mangsa Kanêm ingkang umur | pat puluh tri ari mangko ||

28. Ngalamat kadang karuh | akèh wèwèh kang mangsa Kapitu | padha umur patangpuluhtêlu ari | ngalamat kèh pakèryèkupakaryèku. | akèh lulungan ingkang wong ||

29. Nèng wisma datan kaur | marga akèh prakara kang barung | mangsa wolu umure nêmlikur ari | nglamat tan na èstrinipun | utawa pêgat wis layon ||

30. Mangsa Kasanga umur | slawe ari de nglamatipun |Kurang satu suku kata: slawe ari de ngalamatipun. prihatinan kalongan sakalir-kalir | mangsa Kasadasa umur | patlikur ari kinaot ||

31. Ngalamat luwih ayu | ing sabarang sêdyanira rawuh | tur salamêt saanak rayatirèki | tulus kang sarwa tinandur | mangsa Dhêstha winiraos ||

32. Trilikur hari umur | ngalamate sangêt sangaripun | gêringan tur yèn roga tan antuk jampi | malah têkèng ajalipun | mangsa Saddha cinariyos ||

33. Umure patang puluh | siji ari de ngalamatipun | susahan tyas pisah lan batihirèki | êndi ta ingkang kinayun | pênêt awon wus kacriyos ||

34. Rahadyan aris matur | kang prayogi patut dipun ênut | mring raharja rèhning wênang nandhing milih | lamun nrajang kang tan arju | yèn tiwas kaparan tutoh ||

35. Nalika anon ulun | masjid Dêmak saka srambinipun | kajawine rarênggan pinatra asri | wontên sastra ungêlipun | Kori Roro Gawening Wong ||

36. Umpak kori lumêbu | ugi wontên sasêratanipun | mungêl Patra Kinarya Rupa Gêlapi | kadi paran kajêngipun | Ki Ajar mijil kang raos ||

51. Mijil

1. Iku kulup sangkalaning warsi | pangetungku mêngko | kori sanga loro lugu bae | gawe papat njupuk saka karti | wong watêke siji | dadi angka taun ||

--- 1 : 171 ---

2. Sèwu samas sangalikur kaki | de umpak kang ngisor | patra siji kinarya papate | rupa papat njupuk warna ugi | dadi papat malih | gêlap siji iku ||

3. Pangetungku umpake kang kori | nalikane dados | tahun sèwu patangatus luweh | patang puluh punjule sawiji | kulup ingsun mirit | candrasangkalèku ||

4. Radyan (n)dhêku sarwi matur aris | jatosana ingong | ingkang candrasangkala watêke | sang awiku angandika malih | kawruhana kaki | candrasangkalèku ||

5. Awit watêk sawiji têkaning | sapuluh wus maton | yèn sapuluh êdas panulise | utawa nul ingkang angarani | ingsun wêdhar kaki | lawan wardinipun ||

6. Watak siji rupa rupa yêkti | candra wulan kaot | sasi jangkêp lèk nabi wudêle | sasa lintang dhara wêtêng kaki | bumi lêmah iki | buddha iku luhung ||

7. Ronning godhong mèdi iku silit | iku buntut yêktos | dara pêksi dara sayêktine | janma uwong eka tuduh siji | wak badan sadêmi | suta anak tuhu ||

8. Siti lêmah wêdhèn de awani | akêndêl kinaot | wungkulan wutuh wulan wardine | wulan têmên niyat iku yêkti | tunggal kabèh lirring | watak ji sadarum ||

9. Gantya watak loro kang winarni | netra mripat karo | caksu iku suluhan netrane | nayana pan ulat têgêsnèki | sikara tangan-dwi | buja iku bau ||

10. Paksa uwang drasthi iku alis | ama pasu mangko | locana rang-uranging matane | kang carana têgês athi-athi | karna kuping kalih | karni iku sungu ||

11. Miwah têgês ambaning kang kuping | anêbah jinatos | talapukaning netra kaliye | kang talingan pangrunguning kuping | mata netra ugi | lèn tangan alugu ||

12. Lar atêgês wuluning suwiwi | anêmbah wot sinom | miwah mangabêkti ing têgêse | suku loro sikil karo kaki | gantya watak katri | kang winarnèng têmbung ||

--- 1 : 172 ---

13. Bahni gêni pandhe nambutkardi | pawaka nyrêmomong | gêni pucaking arga yêktine | siking upêt myang têkên kang wardi | guna iku gêni | agaran satuhu ||

14. Dahana tanpa sangkan kang gêni | trining rana tunon | miwah gêni paprangan wardine | uta lintah ujêl wêlut yêkti | anauti cacing | jatha iku siyung ||

15. Miwah gêni winadhahan kaki | weddha gêni pawon | miwah sêrat papakêm têgêse | nalagni gêni panasing ati | utawaka gêni | wong manggang puniku ||

16. Kayalenna balubuking gêni | punika jinatos | gêni diyan tiga têlu bae | kang uninga gêni obor kaki | gantya kang winarni | ingkang watak catur ||

17. Wedang banyu panas têgêsnèki | sagara ku babo | banyu ingkang ngidêri jagade | karti banyu sumur dene sukci | we padasan yêkti | jaladri liripun ||

18. Banyu rawa nadi banyu kali | hèr udaka manggon | sapucuking ancala wardine | nawa banyu adhêm ingkang wêning | samudra winardi | banyu têlêng iku ||

19. Jalanidhi we angêdhung kaki | waruna ing mangko | katêlah ing têmbung warni dene | têgês banyu sawangan toyadi | we jêmbangan yêkti | o ana toya truh ||

20. Waudadi wêrdine kakalih | we pancuran karo | we dèrèsan krambil lawan arèn | sindu banyu-susu dene warih | iku banyu krambil | de kang padon catur ||

21. Tasik sagara miwah awardi | ingkang banyu oyot | catur yuda keblat pat wardine | pat sakawan gantya kang winarni | watak lima kaki | kawruhana iku ||

22. Buta wil lanang kang siyung dening | Pandhawèku babo | atmajendra Pandhu tatalêre | gêtih otot ati kêtêg tuwin | pramana tanapi | mangsa kalimèku ||

--- 1 : 173 ---

23. Wisaya panggawe dene indri | bayuning kang panon | yaksa wil wadon mawa siyunge | sara landhêp maruta pan angin | ngirit ganda wangi | pawana ngin ribut ||

24. Gana wana gung margana angin | nèng dadalan manggon | samirana ngin ngilangkên riwe | warayang pan sanjata sayêkti | panca lima kaki | bayu têgêsipun ||

25. Angin kang manjing mêtu sayêkti | wisikan jinatos | wuruking bapa mardi lwiring rèh | gulingan angin mêtu jinêmrik | lima gangsal kaki | watak nêm winuwus ||

26. Masa mangsa nênêm sad rasêki | rasa nênêm manggon | winaya ranning mangsa kanême | miwah anggang-anggang iku kaki | gana tawon yêkti | de têgêsing rêtu ||

27. Awor miwah yêk-uyêkan kaki | anggas iku sato | bêr-ibêran myang kayu glinggange | oyag obah karêngya kapyarsi | rinêngga tanapi | kaupakarèku ||

28. Pangrarasing nêm ya pangrarasing | watak kanêm mangko | tahên iku kayu taun radèn | wrêksa kayu kang tinêgor kaki | prabatang jinarwi | iku kayu rubuh ||

29. Malang anèng dadalan gumuling | kilating nêm babo | lilidhahing mangsa kanêm dene | lona pêdhês mla kêcut kang wardi | tikta iku pait | kyasa gurih tuhu ||

30. Dura asin sarkarèku manis | watak pitu mangko | ardi gunung urut pasisire | prawata gunung têpung samyardi | turanggèku wajik | giri gunung agung ||

31. Rêsi têgês pandhita kang suci | angsa banyak yêktos | kang biksuka sapi cala lwire | sikil gunung imawan imasri | nèng pucuking wukir | sapta ya pipitu ||

32. Pandhita putus yêktining wardi | swara wiku kalok | gora agung muni iku lire | pandhita kang amumuruk kaki | swa kuda kabiri | tungganganing gunung ||

33. Iku têngah-têngahaning wukir | wiku lire mangko | pandhita ing gunung sayêktine | ya pipitu ya pipitu sami | gantya kang winarni | kang wawatak wolu ||

--- 1 : 174 ---

34. Naga ula gêng panagan kaki | gyan ula gêng kaot | salira manyawak basu têkèk | myang atêgês kumarèng nagari | tanapi araning | kang mangsa kawolu ||

35. Tanu bunglon murti cêcak singgih | kunjarèku gêdhong | myang atêgês kandhanging gajahe | gajah-gajah nèng wantilanèki | dipangga marêngi | tinitihan ratu ||

36. Èsthi gajah kang dènpalanani | samadya jinatos | gajah ana têngahing wanane | manggala gajah binêkta jurit | dwiraddha jinarwi | gajah mêta iku ||

37. Kang bujangga ula lanang kaki | brahmanastha manggon | pandhita sing sabrang wolu kèhe | dwipara gajah binêkta maring | pacangkraman kaki | liman têgêsipun ||

38. Gajah binêkta midhang sayêkti | dening sang akatong | lan ula ula lanang têgêse | myang atêgês karo ula yêkti | gantya kang winarni | watak sanga iku ||

39. Kang rumiyin trustha lènging bêdhil | trusthi lènging dêmon | muka rai gapura lawange | ratu wiwara lèng sakèthènging | dwara lènging panti | nanda lèng kodhok gung ||

40. Wilasita lèng kumbang sayêkti | kang guwa jinatos | lèng patapan agolong samunne | lodra aluraning we sayêkti | gatra lènging gangsir | êlèng lènging sêmut ||

41. Rong lèng ula song lèng landhak yêkti | trusan lawanging wong | bubutulan yèku angka lire | inggih punika wilangan yêkti | babahan lèng maling | hawa sasangèku ||

42. Bolonganing sarirèng sujanmi | mangkya winiraos | watak sapuluh kang pinurwèng rèh | boma sukêt mati sunya sêpi | gagana kang langit | kesisan ing mêndhung ||

43. Barakan tan katon ingkang warni | adoh têbih mangko | ing langit iya ing langit bae | ana tan katon tan kêna yêkti | kang windu jinarwi | tumbuking kang taun ||

44. Anèng wiyat langit kalimputing | mêndhung angêmu troh | widik-widik katon gya ilange | malêtik satêngahing wiyati | sirnèng gaganèki | sirnèng langit iku ||

--- 1 : 175 ---

45. Sagunging das sakathahing kang nir | walang mêsat kang hos | anggusah watak sapuluh lire | iya watak sapuluh sayêkti | sagung atêngêr nir | awatak sapuluh ||

46. Lamun karya sangkalaning warsi | unine pinathok | kang rumuhun nèng ekan dununge | nulya dasan sapiturutnèki | nanging kêcapaning | ekan dhawah kantun ||

47. Radèn Jayèngrêsmi matur malih | dhuh ri sang kinaot | kadi paran punika kajênge | dene wêlut sami lawan agni | sapiturutnèki | katrangna jrudêmung ||

52. Jurudêmung

1. Sang wiku mèsêm lingira | mungguh sasurupaningsun | layang Candragêni iku | kang ambabar katrangannya | ing candrasangkala mau | kang mawa kêkawin têmbang | Kusumawicitra linuhung ||

2. Etunge laku rowêlas | kacarita duking dangu | anggitannya Maha Wiku | Wêrda Êmpu Wilasaya | pujangga putus ing kawruh | ing nagri Purwacarita | sangking karsanya sang Prabu ||

3. Widhayaka kang paparab | Aji Isaka puniku | wus dianggit duk ing ngayun | dumadi candrasangkala | ananging ta jarwanipun | durung mawa karêpira | ingkang dadi sababipun ||

4. Ing watêg durung ginêlar | krana kurang wijangipun | mila linaras kang urut | wit siji têkèng sadasa | ingkang nunggal rasanipun | amung ginarba kewala | kang anunggal rahsanipun ||

5. Tinêrangakên samoa | miwah tatêmbunganipun | kang padha amawa kayun | apan jinèjèrkên wêtah | dak urut kadi ing ngayun | awit ing watak sajuga | tumêka watak sapuluh ||

6. Watak sawiji winarna | rupa têgêsipun wujud | yèku uruping cahyèku | mula dadya watak juga | dene ta cahya puniku | dumadya tandhane gêsang | ingkang tumitah sadarum ||

7. Candra wêrdi lèk purnama | tanggal limalas puniku | mula dadi watak iku | sawiji awit duk kuna | (ng)gonne Dèwi Sri tumurun | matêdhakkên wiji dadya | ri wijèning manungsèku ||

--- 1 : 176 ---

8. Sasi lèk jangkêp wêrdinya | ya etung sêsasi muput | mula dadi watak iku | sawiji dene amulya | anganakakên sitangsu | sapisan manèh lir ngarsa | mangkya nabi wêrdinipun ||

9. Wudêl mula dadi watak | sawiji de wudêl mau | ginawe têrsandhanipun | asma sapisan duk jabang | yèn wus pupak pusêr sinung | aran saprayoginira | nulya sasa têgêsipun ||

10. Lintang mula dadi watak | siji dene wujudipun | jèn-ijèn sajuru-juru | katon sangking madyapada | padha lintang aranipun | de dhara wêtêng wêrdinya | mula dumadi puniku ||

11. Watak sawiji sanyata | de nampani sarinipun | sarahsaning siji iku | mangkya bumi wêrdi lêmah | mulane lêmah puniku | dumadi watak satunggal | anuwuhkên sakèhipun ||

12. Wiji tanêm tuwuh ika | mangkya buddha wêrdi purus | utawa luwih puniku | mula dadi watak juga | dene ta luwih puniku | minangka wijèning janma | ingkang ronning wêrdinipun ||

13. Cahyaning godhong mulanya | dadi watak siji iku | de têrsandha uripipun | tanêm tuwuh thuthukulan | lamun katon godhongipun | iku tandha wiji gêsang | yèn godhong tan katon lampus ||

14. Mèdi jubur wêrdinira | dene kanggo marganipun | susukêr sangking dharèku | de iku buntut têgêsnya | yèku êpoke kang buntut | kang masthi amung sajuga | mangkya dara têgêsipun ||

15. Apan iya pêksi dara | mula dumadi puniku | watak siji dene purun | ngayom kulina manungsa | de janma wong wêrdinipun | mula dadya watak juga | pipijèn titah Hyang Agung ||

16. Eka sawiji wêrdinya | utawa pinardèn tuduh | de wak suta wêrdinipun | anak lawan awak tunggal | saka wiji dadinipun | de siti lêmah wêdhènnya | mula dumadya puniku ||

17. Watak sawiji de bisa | amanjila wujudipun | gya awani wêrdinipun | ya wani utama surya | mula watak sawijiku | sorot amijangkên marang | ing wujud sajuru-juru ||

18. Yèn wungkulan têgêsira | wuwutuhan mulanipun | dadi watak sawijiku | de isih wutuh wujudnya | nyata têmên tunggallipun | wêrdi iku kabèh tamat | watak kakalih winuwus ||

--- 1 : 177 ---

19. Netra wêrdining paningal | mulane dumadi iku | watak kwajibanipun |Kurang satu suku kata: watak kawajibanipun. mêrêm lawan mêlèk ika | caksu pasuluhan èstu | mula dadi loro watak | de ana rêrêgêdipun ||

20. Warna loro blobok waspa | de nayana ulat èstu | ugêring ulat puniku | rong prakara bêcik ala | sikara tangan dwi iku | kwajibane rong prakara | mêgar atanapi mingkup ||

21. Buja bau wêrdinira | mula loro watakipun | nguwati tangan ro mau | paksa uwang wêrdinira | mula dumadi puniku | watak karo de pedahnya | rong prakara kang rumuhun ||

22. Ngingkêmkên tangkêping waja | mêngakên angaping tutuk | drasthi alis wêrdinipun | mula dadi dwi kang watak | dene mimbuhi satuhu | kasigitan rong prakara | ngêkêr netya kalihipun ||

23. Muwuhi prabaning gwaya | mangkya ama têgêsipun | papasu iya puniku | pangul ngisor pasuluhan | mula dumadi puniku | watak loro de minangka | siringing netya dwinipun ||

24. Mangkya locana wêrdinya | urang-uranging netrèku | yèku lalu-kinanipun | maripat têngên lan kiwa | mula dumadi puniku | watak loro dene bisa | amosikên idêpipun ||

25. Wênganing idêp sapisan | dadya pangawasanipun | kaping kalih ingkêmipun | dumadya tatampingira | sakèh rêrêgêd sadarum | mangkya carana wêrdinya | athi-athi milanipun ||

26. Mila dadya dwi wataknya | awit athi-athi iku | karya pasrèning mukèstu | rong prakara kang sapisan | gawe lulungidanipun | pasuryan kaping kalihnya | dadya kêkêring cahyèku ||

27. Karna rêngganing talingan | dadine ro watêkipun | awit rêngganing karnèstu | duk kuna sumping lan sêngkang | dene karni wardinipun | ambaning kuping milanya | dadya watak loro iku ||

28. Bisa nampani surasa | lawan pangrasa puniku | de anêbah têgêsipun | talapukan kang kaprênah | ing ngisor idêp kang wulu | luhuring kang urang-urang | mula loro watêkipun ||

29. Jalaran puniku milya | anglawani solahipun | padhang pêtênging netrèku | sapisan ngrèh wênganira | paningal kalaning wungu | ping dwi angrèh rêming netra | kalanira ayun turu ||

--- 1 : 178 ---

30. De talingan têgêsira | pangrunguning kuping èstu | mula loro watêkipun | awit iku amiyarsa | rong prakara ala-ayu | dene maha wêrdinira | ambaning paningalipun ||

31. Mula dadya ro kang watak | de ngêmbani pramanèku | rong prakara kang rumuhun | kêdhap ya ubênging tingal | ingkang ijo warnanipun | kang kaping pindhone kilat | maniking tingal kang pingul ||

32. Lèn tanganna têgêsira | kêplok yèku karêpipun | suka lan susah puniku | êlar wulu suwiwinya | de dadya ro watêkipun | rong prakara karyanira | mêgar atanapi mingkup ||

33. Kanggone dadya panambak | adhêm mring dayaning mabur | nêmbah suku karo iku | angabêkti dalamakan | gawe kuncup dwi astèku | watak loro pan wus tamat | rahadyan nêmbah umatur ||

34. Watak juga lan kalihnya | solah miwah bawanipun | [...] |Kurang satu baris: 8u. condhong lawan rahsanira | sang wiku ngandika dhaup | mangkya watak tri kawêdhar | sinom salinne kang pupuh ||

53. Sinom

1. Bahni gêni pandhe ika | mulane dadya watak tri | asal sangking tri prakara | saking pangreka kang dhingin | yaiku gêni saking | thithikan agarannipun | pindho sangking sarana | yèku arêng de kaping tri | pangolahe angin sangking ingububan ||

2. De pawaka wêrdinira | gêni sapucaking ardi | mula dadi watak tiga | wit sangking têlung prakawis | agni sasalat sangking | walirang ping kalihipun | saka gêni dudupa | panuwun puja sêmèdi | tri bêdhiyanbêdhiyang (dan di tempat lain). sarananing kaasrêpan ||

3. Siking gêni upêt ika | mulane dadya watak tri | wujuding upêt triwarna | mancung sêpêt ontèlonthèl. kluwih | guna agaran gêni | tri prakara dadinipun | saka panasing asap | saka sêrêting piranti | saka kawul gênêpe katiga warna ||

--- 1 : 179 ---

4. Dahana pan gêni salat | mulane dadya watak tri | wit sangking katri prakara | sapisan saka sumuking | hawa panasing bumi | kadwi saka sumukipun | ing watu gêni ika | kaping tri saka sumuking | kang walirang gathuk dadya gêni salat ||

5. Trining brana pyu paprangan | mulane dadya watak tri | anane saka tri warna | prakara saka kasêktin | dwi têmpuhing saradhisaradi. | tri pambêsmining sawèku | uta têgêse lintah | mula dumadi watak tri | untunira ngisor loro (n)dhuwur juga ||

6. Kwajibane tri prakara | napêl molah ganda bangkit | ujêl wêlut têgêsira | mulane dadya watak tri | dene ta andarbèni | daya tri prakara iku | panglunyon mulèt rosa | anauti wrêdi cacing | mula dadi watak têlune de darbya ||

7. Kawajiban tri prakara | nglêkêr mulur mangkêrêt tri | mangkya jatha wêrdinira | gêni winadhahan yêkti | de dadya watak katri | gêni arêng kang rumuhun | kalih gêni winadhah | têlu kang pinêdah kardi | ambêbakar manggang sapanunggalannya ||

8. Wedha gêni pawon ika | dene ana warna katri | kang gêni kayu kalawan | cêngkorongan pawon gêni | katri laweyan gêni | de nalakninalagni. wêrdinipun | gêni panasing manah | mula dumadya saka tri | kadadeyanira saka tri prakara ||

9. Dhingin saka pangabaran | dwi pangobong saka sêngit | tri saka pangumbar hawa | utawaka wêrdinèki | gêni manggang mulaning | dumadi watak tri yèku | gêni kayu kalawan | arêng sujèn jangkêp katri | kayalena wêrdi gêni balubukan ||

10. Mula dadi watak tiga | de gêni blubukan asring | kaanggo têlung prakara | ngêpès (m)bênêm ambakari | [...] |Kurang satu baris: 7i. apan gêni diyan iku | mula dadi tri watak | de wujuding sorot katri | biru kuning abang jangkêp kaping tiga ||

11. Pungkasan tiga uninga | wêrdi gêni thithikan tri | watu gêni kawul waja | watak sakawan winarni | wedang ingkang rumiyin | banyu panas wêrdènipun | de dadya watak papat | sakawan dayanirèki | matêngakên umob molah kumarangsang ||

--- 1 : 180 ---

12. Sagara we pakumpulan | banyu saka patang warni | tuking kali tuk bêngawan | tuking pancuran myang riris | mangkya katri winarni | banyu sumur dene iku | kaanggo patang warni | pangangson padusan tuwin | pangasahan sakawane pangumbahan ||

13. Sukci wêrdi we padasan | de kangge patang pasukci | kêmu raub wisuh tangan | lawan masuh sukunèki | jaladri wêrdinèki | banyu angêndhong yaiku | angêndhong we sakawan | banyu udan banyu kali | banyu êtuk kalawan banyu bêngawan ||

14. Dadi banyu kali ika | mula papat watêknèki | dadya pasucèn sakawan | padusan angungumbahi | angongolah kinardi | angombèni kewanipun | hèr banyu pucuk arga | dadya watak papat awit | pucuk arga ana banyu patang rupa ||

15. We kawah banyu pamuja | banyu pêdhut banyu riris | nawa wêrdi banyu tawa | yèku we tuk umbul tuwin | pancuran sumbêrnèki | de samodra wêrdi banyu | ingkang ngidêri jagad | keblat papat dènubêngi | apan sami kataman banyu samodra ||

16. Jalanidhi banyu ingkang | bênêr yèku saka riris | lan kali êtuk bangawan | dene warna wêrdinèki | banyu sawangan nênggih | saking kali rêmbêsan tuk | sakawan pasumbêran | de toya wêrdinirèki | banyu ing jêmbangan kanggo suci badan ||

17. Adus raub awak-awak | kanggo wisuh jangkêpnèki | wahana yèku we udan | angsal sakawan prakawis | saka kukusing agni | myang kukusing tanêm tuwuh | saka kukusing toya | papate kukusing bumi | mangkya wau dadi wêrdi we dèrèsan ||

18. Saking amèr kapanasan | saking kapêlêg ing angin | saking praboting baskara | susumubing bun mungkasi | de sindu wêrdinèki | banyu susu dene iku | wit saka pat prakara | dhingin saka srana jampi | tuntuming bayu wuwung sari tatêdhan ||

19. Warih wêrdi banyu klapa | dene atêrira warih | puniku rambah kaping pat | wiwit bluluk banjur cêngkir | dawêgan miwah krambil | dene tasik wêrdinipun | banyu oyot jalaran | kang dhingin tarik-tinarik | iya saking purusan sakawan warna ||

--- 1 : 181 ---

20. Têmah ngringêt dadya toya | yèku saka gêni angin | banyu tanapi bantala | catur we keblat winardi | keblat papat sayêkti | pan ana sagaranipun | yogya pat dene ana | jaman yoga pat prakawis | jaman tirta dwara kali karta tamat ||

21. Watak kalima winarna | buta apan wus sajarwi | mula dadi watak lima | dene iku bisa nunggil | kalima bangsa nênggih | sèluman myang bangsa mabur | nunggal bangsaning kewan | bangsaning buburon warih | de limane bisa nunggal lan manungsa ||

22. Pandhawa wêrdi putra sang | Pandhu Dewanata Aji | lima juga Sri Ngamarta | dwi Dyan Sena tri Pamadi | nunggal sayayah bibi | kang dwi lèn bibi puniku | kacatur Dyan Nangkula | Sadewa kalimanèki | mangkya tata gêtih otot wêrdinira ||

23. Ing netya ngolah pramana | ing lidhah ngolahkên angling | ing tangan ngolah (ng)gauta | ing suku ngolahkên linggih | utawia lumaris | ing prêji ngolah rahsèku | mangkya gati wêrdinya | kêkêtêg de dunungnèki | anèng tênggoktênggak. jaja ugêl-ugêl ngasta ||

24. Gêl-ugêl sikil kalawan | ing planangan limanèki | èndri bayu ingkang mata | dene pakumpulan saking | ing irung tuwin kuping | pasuryan myang saking kalbu | yaksa wêrdi danawa | wados asisiyung nênggih | ditya wandu mila dadya watak lima ||

25. De dadya panunggulira | ditya sakawan bupati | limane piyambakira | sara landhêp wêrdinèki | nalika jaman nguni | gaman kang ran sara iku | landhêp limang wadana | de maruta wêrdi angin | kang kairid gandane kang sêkar gangsal ||

26. Sêkar jawah saking Jwata | sêkar amyang taman sari | sêkar bago pangukupan | sêkar gêlung lawan sari | sêkaraning jinêmrik | de pawana wêrdinipun | angin drês iya ika | saka keblat myang ing nginggil | bana iku alas agung wêrdinira ||

27. Mula dadi watak lima | babaya limang prakawis | ula macan asu ajag | danawa lawan panjawi | margana wêrdinèki | angin ana ing dêlanggung | yèku napas kang mêdal | ing pancadriyanirèki | samirana wêrdi angin kang ambuwang ||

28. Karingêt limang panggonan | rai bau jaja gigir | suku jangkêpe kalima | warayang wêrdinirèki | sanjata de landhêping | balimbingan [balim...]

--- 1 : 182 ---

[...bingan] ana catur | limane pucukira | de panca bayu sayêkti | kang kaanggêp putra Hyang Bayu kalima ||

29. Sawiji wil Jajahwrêka | Kapi Anoman kakalih | katri Wukir Maenaka | catur Sètubanda èsthi | Bratasena mragili | de wisikan wêrdinipun | wangsit guru limang bab | tuduh kadadeyanèki | dêdunungan iya iku bawa lima ||

30. Gulingan dene wêrdinya | paturon nênggih wong guling | pêpêt pancadriyanira | lilima ingkang mungkasi | etang lima wus jarwi | ji loro lu pat limèku | wus titi watak lima | watak nêm mangkya winarni | salin têmbang amrih mamanising kata ||

54. Dhandhanggula

1. Masadrasa wrêdi kang binukti | rasa nênêm prakara yaika | rasaning sêga iwake | rasaning wijinipun | rasaning kang godhongan tuwin | rarasaning dadèrèsan |Lebih satu suku kata: rasaning daderesan. wowohan nêmipun | winayang wêrdi gang-anggang | awit saka sikile iku nêm iji | guna awon wêrdinya ||

2. Dene ingkang mangsa kanêm yêkti | nawu madu sinungkên anaknya | de rêtu awor wêrdine | campuring kanang kayun | kang rumuhun grêngsênging dhiri | dwi ajuning kang manah | tri ajuning purus | catur ajuning paningal | kalimane ajuning tangan nêmnèki | ajuning sukunira ||

3. Hoyag wêrdinira obah yêkti | gêtêring pangadêg myang pramana | pamiyarsa panggandane | pangrasa badannipun | gya karêngya karungu wêrdi | iya nênêm prakara | wisikan karuhun | amuwung wulang utama | myang karungu wawangsite ujar manis | pangraras ngalêmbana ||

4. Namaning nênêm yèku namaning | pala nênêm kasimpar baruwah | gumantung palawijane | myang kucila kirnèku | tahên kayu taun winardi | wrêksa kayu têgoran | lèn prabatang kayu | rubuh malang ing dêdalan | pan ginêrba kayu nênêm wataknèki | lire ingkang mangkana ||

--- 1 : 183 ---

5. Kang tartamtu kanggo nêm prakawis | turus miwah dandananing omah | kanggo dandanan prantine | kanggo pêthan arcèku | kanggo plangkan pangraras tuwin | katunu kanêmira | kilating nêm iku | têgêse lalidhah mangsa | iya kanêm lona pêdhês wêrdinèki | mla kêcut wêrdinira ||

6. Tikta wêrdinira apan pait | kyasa wêrdinira gurih ika | dura pan asin têgêse | sarkara wêrdinipun | apan manis watêk nêm titi | watak pitu winarna | ardi wêrdi gunung | kang urut pasisir iku | mula dadi wawatak pitu de ardi | isine pitung warna ||

7. Watu guwa jurang padhas tuwin | papancuran pèrèngan tuwuhan | turangga de panganggone | jaran iku pipitu | kang rumuhun apan kêndhali | apus lawan salebrak | sanggawêdhinipun | ambên camêthi pitunya | giri wêrdi gunung gêdhe dene dadi | pakandhanganing swara ||

8. Rêsi têgêse pandhita sukci | yèku ingkang nganggo kasucian | pitung prakara etange | katêmênan rumuhun | lumuh ala lumuh nyidrani | lumuh marang ruruba | lawan tuhu lumuh | marang ing pangalêmbana | lumuh rêgêd pitune pan lumuh maring | sabarang bêbèngèsan ||

9. Angsa apan banyak wêrdinèki | mula dadi pitu watêkira | kagawa sugih swarane | biksuka wêrdi lêmbu | mila pitu watêkirèki | dene ing kuna dadya | tungganganing wiku | aldaka sukuning arga | dene darbe sasêbutan pitu nênggih | punthuk ujung tunggangan ||

10. Lambung tepong sisiku sukuning | de himawan wêrdinira mega | pucuking gunung dununge | mula watak pipitu | sangking kukus kapitu warni | kukus adhêming kisma | kukus tanêm tuwuh | kukus pangobaring wrêksa | kukus ingkang rêratêng lawan kukusing | udalaning kang toya ||

11. Kukus ingkang bêdhiyan myang sangking | kukusing kang dupa jangkêp sapta | sapta pandhita wêrdine | agêming pandhitèku | pan pipitu jajenggot cundrik | kêthu jobah salendhang | tlumpah têkênipun | gora swara muni ika | wardi swara uni agung akèh kaki | apan pitung prakara ||

--- 1 : 184 ---

12. Sangking suwaraning banyu bumi | gêni angin balêdhèg lan udan | sangking pakarti pitune | swa kuda wêrdinipun | jaran molah pitung prakawis | nyongklang mêdhar adhean | jojrok ngawalipun | nyirig nyandêr pipitunya | tungganganing gunung tumpakan rêrêdin | ana pipitu warna ||

13. Jaran kabirèn lêmbu palangki | padhati jolang kisruki lawan | bojadhi ganêp pitune | de wiku ya pipitu | yèku wiku kang nglakokkên ing | pangawikan kasapta | jaya kang rumuhun | pindho aji pangasihan | katêlune aji panglimunan bangkit | pat aji tatakrama ||

14. Kalimane pamawasan aji | kanêm aji etang pêpetangan | sapta ji panglêrêbane | sampêt watêk pipitu | watêk wolu mangkya winarni | bubukanira naga | wêrdi ula agung | mula dadya wolu watak | derbe panguwasa wolung warni |Kurang dua suku kata: dêrbe daya panguwasa wolung warni. nyêmbur nyakot amolah ||

15. Mulêt rosa urip (ng)gon kakalih | anglungsungi wolu bisa gêsang | saka lênga nèng pêthite | panagan etangipun | pasawêran wolung (ng)gon nênggih | naga taun myang naga | jatingarangipun | naga wulan lawan nagan | pasangaran naga larangan lan malih | kanang naga pangkalan ||

16. Naga dina pasaran mungkasi | de salira ya slira mênyawak | apan wolu pangwasane | bisa ngambah ing banyu | ngambah marang dharatan bangkit | mènèk myang ngêrong ika | mring nastapa ayun | anglungsungi myang yuwana | kawolune riringa mring bangsanèki | mangkya basu wêrdinya ||

17. Apan têkèk mulane dumadi | watak wolu darbe panguwasa | wowolu iki cacahe | panglêngkêtaning suku | kinajrihan ing bangsanèki | tyas sabar myang ngumara | sarèh tindakipun | sarana atine kêna | kanggo jampi wong cêkèk tan nggarapsari | darbe panawa wisa ||

18. Kawolune bisa anglungsungi | mangkya tanu bunglon wêrdinira | bangkit wor wolung warnane | bang irêng kuning pingul | ijo biru bêlawu tuwin | wungu jangkêping astha | murti wêrdinipun | cêcak de darbe pangwasa | wolung warna panglèngkètan

--- 1 : 185 ---

kang rumiyin | bisa mênèk puliyan ||

19. Ayuwana sarana myang kêsit | bisa mogêl nglungsungi isthanya | mangkya kunjara wêrdine | gêdhong panggonan ngukum | duking kuna janma kang tampi | ukuman wawangênnya | wolung dina amung | yèn dosa ros wolung wulan | mangkya gajah ya gajah kang nèng wanadri | dwipangga gajah ingkang ||

20. Tinitiyan ing sri narapati | parabote ana wolung warna | papaès kalung slebrake | ambên êcis ranteku | pacancangan kawolu srati | èsthi gajah ginawa | midhang wêrdinipun | samadya gajah nèng marga | de manggala gajah panungguling jurit | dwipara gajah ingkang ||

21. Binêkta ring cangkrama kakaring | de bujangga ula gêdhe ika | padha naga lan kwasane | bramana wolu iku | duk kunane ing tanah Jawi | kambah dening brêmana | wowolu kèhipun | pranataning Ajisaka | kinèn amumulang kadibyan sakalir | miturut Asthabrata ||

22. Liman gajah nèng wantilan yêkti | sarta ula sami lawan naga | ula wolu pangwasane | sakèhing gajah mau | padha wolu watêkirèki | dhingin têbih sanggama | wangi kopèkipun | lwan na sarosa pramana | ambêg sura kapitu sugih mangrêti | astha sugih bêndana ||

23. Nahên watêk sanga kang winarni | trustha wêrdi êlènging sanjata | trusthi êlèng tulupane | muka rai puniku | de gapura lawanging aji | wiwara sakèthèngnya | dwara lawangipun | omah tanapi pomahan | lawang mau cinêngkal kapara sami | apan sangang bageyan ||

24. Dene nanda lènging kodhok nênggih | wilasita wêrdi lènging kombang | guwa lèng samun wêrdine | rago wêrdi lèng suwung | gatra wêrdi êlènging gangsir | lèng wêrdi lènging ula | rong wêrdi lèng yuyu | song wêrdi êlènging landhak | de têrusan wêrdi lèng têmbusan yêkti | yèku angka wêrdinya ||

25. Wiwilangan sanga têlasnèki | de babahan wêrdi lèng durjana | hawa sasanga wêrdine | hawaning badan èstu | pan sasanga

--- 1 : 186 ---

kathahirèki | dadi piridanira | watêk sanga mau | muhung saka babolongan | awit palawanganing badan kèhnèki | apan ana sasanga ||

26. Irung sami lèng tulupan bêdhil | kang maripat sasamining muka | dene cangkêm ngibarate | lawangira sang ratu | ing talingan ngibaratnèki | lawang sakèthèng ika | palawanganipun | ngibarat lawanging omah | gurung iku ngibarat lawang guwèki | ing dubur lawang sona ||

27. De sadaya ronging kewan aming | mirid pangêronging sangking mangsa | kasanga jênêk nèng ronge | wilangan angka iku | amung sanga sadasanèki | ing sagolongan êdas | wujudipun ênul | mungguh babahan jinarwan | lèng durjana kêrêpe lèng manungsèki | têbusan hawa sanga ||

28. Nahên watak sapuluh mungkasi | boma wêrdi sukêt mati ika | sonya wêrdi suwung mangke | gagana wêrdi suwung | de barakan wêrdinirèki | ya iku lamat-lamat | adoh jarwa tuhu | ing langit wêrdi ngawiyat | de ana tan ora ana wêrdinèki | windu duk jaman kuna ||

29. Ana windu sapuluh winilis | ingaranan kang windu Sangkala | sapuluh warna umure | Tirta lan Marutèku | myang Pranala lan Pratalèki | Baya Byantara Manta | Kartala puniku | kasanga windu Suribta | de ganêpe sapuluh pan dènarani | ring kang windu Gurita ||

30. Anèng wiyat anane kang langit | pan sadaya srêngenge rêmbulan | lintang kalawan megane | kilat mêndhung galudhug | angin udan kuwung mungkasi | yaiku ananing kana | wujut pamyarsèku | kang katon lan kapiyarsa | saka donya gantya ingkang widik-widik | wrêdine samar-samar ||

31. Malêtik mancurat wêrdinèki | sirna wêrdinira apan ilang | ngakasa ta wujud rêke | de sagunging das iku | ingkang ilang wêrdinirèki | walang wêrdi mauwal | de kos wêrdi suwung | watak sapuluh wus jarwa | mungguh watak sapuluh jupukanèki | doh samar suwung lamat ||

32. Ilang dhuwur kang awit kapirit | saka jroning kaluwênge êdas |

--- 1 : 187 ---

èstu tan ana wujude | dadya buwêng saèstu | apan suwung karêpanèki | Candragêni wus tamat | lan kudu sumurup | kawining Sangkala ika | apan seos lawan bangsa têmbung Kawi | kalawan têmbung Kawya ||

33. Rupa warna wêrdinira sami | yèn Sangkala rupa juga watak | warna sakawan watêke | ningali uningèku | yèn ing Kawi wêrdinya sami | nanging Kawi-sangkala | ningali puniku | angloro wawatêkira | yèn uninga titiga watêkirèki | utawa suta yoga ||

34. Yèn ing Kawi padha wêrdi siwi | yèn Sangkala iku iya beda | suta watak siji têke | de yoga watak catur | iya iku bedanirèki | Kawi-sangkala lawan | têmbung Kawi lugu | mung samono gadukingwang | angluluri korasan inguni-nguni | kang sinung ling manêmbah ||

55. Asmaradana

1. Kasmaran radyan miyarsi | gancaring Kawi-sangkala | Ajar Suganda nabda lon | kulup nyatakakên tanggal | awit tanggal sapisan | tumêkane têlung puluh | kang bêcik lawan kang ala ||

2. Kang sarta wênginirèki | lawan arane kang dina | lothung mung kinarya prabot | sakawit tanggal sapisan | ingaran dina Kuda | bêcik sabarang karyèku | karana Allah Tanggala ||Tangala.

3. Andadèkkên Kangjêng Nabi | Adam lan Nabi Muhkamat | ing dina iku dadine | mangka lamun ana pêrang | yèn narajang raharja | tinrajang ala kalangkung | kalamun ana pawarta ||

4. Warta bêcik iku yêkti | linyok lamun warta ala | bocah lair bêcik yêktos | wong nandhang roga glis waras | abuburu glis angsal | tanggal kaping kalih iku | ingaranan dina Kidang ||

5. Prayoga sabarang kardi | karana Allah Tangala | (n)dadèkkên Babu Kawane | wong laki rabi raharja | tanggal tri dina Macan | ala sabarang karyèku | karana Jêng Nabi Adam ||

6. Lan garwa (m)babuka wadi | tinurunkên sangking swarga | ping pat ari Kucing ranne | sabarang karya prayoga | karana Gusti Allah | andadèkkên Abil iku | tanggale kang kaping lima ||

--- 1 : 188 ---

7. Ingaranan dina Sapi | dinèku sabarang karya | ala karana Hyang Manon | andadèkkên Kabil ika | kaping nêm ingaranan | ing dina Kêbo puniku | sabarang karya prayoga ||

8. Yèn ana wong nandhang sakit | sayêkti yèn gêlis waras | de tanggal kaping pitune | dina Tikus ingaranan | barang karya prayoga | tanggale kang kaping wolu | dina Lêmbing ingaranan ||

9. Sabarang karya prayoga | karana Allah Tangala | dina iku (n)dadèkake | ing Nabi Nuh minulya |Kurang satu suku kata: ing Nabi Nuh lwih minulya. nanging lulungan ala | lamun anglurug prang pupuh | sayêkti yèn katiwasan ||

10. Tanggal ping sanga winarni | dina Asu ingaranan | ala ing sabarang gawe | tanggale kaping sadasa | dina Naga ingaran | bêcik sabarang karyèku | anênandur myang dêdagang ||

11. Laki rabi iya bêcik | tanggale kaping sawêlas | ingarannan dina Kêmbang |Guru lagu seharusnya: 7e, ingaran dina Kembange. sabarang karya prayoga | tanggale kaping rolas | dina Mayang arannipun | adol tuku kang prayoga ||

12. Tanggal triwlas dènaranni | dina Gajah barang karya | nora nana prayogane | ping patbêlas dina Singa | bêcik sabarang karya | karana Allah Kang Agung | andadèkakên suwarga ||

13. Loh-kalam myang Aras-kursi | tanggale kaping limalas | ing dina Iwak aranne | sabarang karya prayoga | karana Maha Mulya | andadèkkên Nabi Yusup | tanggale kaping nêmbêlas ||

14. Dina Malam dènarani | ing sabarang karya ala | karana iku Hyang Manon | angrusak sakèhing umat | -ing Nabi Lud samana | tanggal ping pitulas iku | dina Ulung ingarannan ||

15. Sabarang karya prayogi | ambuburu nuli angsal | karana iku Hyang Manon | andadèkkên Nabi Musa | lan Nabi Yakub ika | tanggal ping wolulasipun | ingaran dina Kalapa ||

16. Ing sabarang karya bêcik | karana Allah Tangala | (n)dadèkkên wulan srêngenge | kalawan lêng Nabi Ngisa | lan manggihkên andika | Nabi Yakub lan kang sunu | Jêng Nabi Yusup minulya ||

17. Ping sangalas dènaranni | dina Banthèng barang karya | prayoga yèn warta awon | mêsthi têmên yèn pawarta | bêcik sayêkti dora | yèn prang tinarajang unggul | yèn nrajang ala kasoran ||

--- 1 : 189 ---

18. Ping rongpuluh dènaranni | dina Hantu barang karya | prayoga lamun prang pupoh | nora mênang nora kalah | yèn warta bêcik nyata | tanggale kaping salikur | dina Arêng ingarannan ||

19. Ala sabarang pakarti | ping rolikur dina Urang | bêcik ing sabarang gawe | amung yèn lulungan têbah | iku nora prayoga | watak tan têkan ing purug | kaping têlulikur tanggal ||

20. Dina Ula-sagarèki | sabarang karya prayoga | kaping patlikur tanggale | dina Pare arannira | kalangkung dening ala | karana Hyang Maha Luhur | andadèkkên Pirngon Raja ||

21. Lawan Namrut Narapati | lamun ana rare mêdal | iku bangêt durakane | mring bapa tanapi biyung | kaping salawe tanggal | dina Pandhe arannipun | ala ing sabarang karya ||

22. Krana naas agêng yêkti | kaping nênêmlikur tanggal | ala ing sabarang gawe | krana umat Nabi padha | mati ana bangawan | tanggal kaping pitulikur | ingarannan dina Ula ||

23. Bêcik ing sabarang kardi | karana Hyang Maha Nasa | anurunkên rahmat gêdhe | mring kawulanya sadaya | rare lair prayoga | bêkti marang mring Hyang Agung | kaping wolulikur tanggal ||

24. Ingarannan dina Pari | bêcik ing sabarang karya | ping sangalikur tanggale | dina Ulêr ingarannan | ing dina iku ala | pungkasan ping têlung puluh | ingarannan dina Sada ||

25. Yèn lulungan tan prayogi | ananandur ala uga | amung tuku lawan adol | pan iku ingkang prayoga | tamat wataking tanggal | ngluluri tutur karuhun | têmên orane sumangga ||

26. Rahadyan umatur aris | sarèhning sampun kapacak | nèng jilidan saèstune | tartamtu kathah yakinnya | malèsèt ing sandhungan | yèn narajang awon lamun | tiwas mung dadya tutuhan ||

27. Cinarita ngantya lami | rahadyan anèng Mandhala | -wangi iya Gunung Gêdhe | kasok sihe sang Suganda | wus katon ngèlmunira | lair batin tan na kantun | gêmêt tinampèn rahadyan ||

28. Anuju ing sajuga ri | rahadyan tandya pamitan | dènnyarsa (n)dumugèkake | ing lampah arsa tumingal | patilasan kadhatyan | nagri Pajajaran dangu | mangkya ing Bogor karannya ||

--- 1 : 190 ---

29. Suku ardi Salak wukir | Ajar Suganda ngandika | kapasang-yogya aranne | dina iki ping pitulas | sabarang karya harja | ujum ramale pakantuk | datan ana kasangsaya ||

30. Payo kulup mupung enjing | ingsun kang atêdah marga | radyan (n)dhêku matur alon | kalangkung panuwun kula | de kaparêng umentar | têdah marga kang pakantuk | wus samêkta nulya bidhal ||

31. Datan sandeya ing margi | eca dènnya alalampah | sarwi ginêm ngèlmi raos | tan cinatur laminira | dènnira anèng marga | wus prapta ing Gandhok dhusun | Ajar Suganda ngandika ||

32. Kaki lilanana mami | wangsul marang ing ngasrama | iki wus prapta ing Gandhok | wus cakêt lan Pajajaran | sira ngalor ngulonna | sandika radyan umatur | muhung pangèstu paduka ||

33. Iya kulup dak idèni | apa ing sakajatira | atus ing pangandikane | ungkur-ungkuran ing lampah | radyan myang Gathuk Gathak | ing dhusun Gandhok kapungkur | praptèng Bogor patilasan ||

34. Sêngsêming tyas umiyat ing | tatanêman tumaruna | kathah kang nêdhêng uwohe | wênês ijo amardapa | tangèh ingkang mangarang | sadhengah tinanêm subur | wowohan myang sêsêkaran ||

35. Hawanya srêp sawatawis | karya têntrêming sarira | tamtu jawah sabên sore | wit Luhur tumêkèng Ngasar | têrang sadalu pisan | kathah sumbêr umbul mancur | mimbuhi sêngsêming driya ||

36. Wanci Luhur radyan prapti | satêngahing kang pagagan | tumalêthok garimise | radyan ngandika mring Gathak | sarèhning ayun jawah | prayogane padha ngaub | mring gubug amrih sarkara ||

56. Dhandhanggula

1. Praptèng gubug Radyan Jayèngrêsmi | Gathak Gathuk nèng wingking tan têbah | wau kang nèng jro gubuge | lurahing Bogor dhusun | wus awrêddha gundhul kalimis | gumbala capang pêthak | jêjenggot pinatut | clana gadhung bênting sinjang | sarung bugis dhêsthar bathik lagu nagri | Bandhung tanah Pasundhan ||

--- 1 : 191 ---

2. Têkên panjang tunggul ngandhap nginggil | tanpa baju kagyat duk umiyat | ing sapraptanira radèn | sung bagya gupuh-gupuh | katambêtan kang lagya prapti | pun paman nilakrama | ing pundi nak bagus | miwah sintên kang sinambat | atanapi ingkang sinêdyèng panggalih | radyan alon ngandika ||

3. Kula saking karajan ing Giri | talatahing tanah Surapringga | Jawi-wetan pungkasane | dene ta nama ulun | Jayèngrêsmi satuhu pêkir | dwi rencang Gathak Gathuk | mênggah sêdyaulun | badhe dhumatêng ing Karang | prêlu mampir ing Bogor ayun udani | tilase kang kadhatyan ||

4. Manthuk-manthuk sang minta pawarti | Jayèngrêsmi aris atatanya | kang pinanggyan lagi nêmbe | sintên kêkasihipun | amangsuli sabdanya aris | Ki Wargapati kula | kapalaning wuwus§ Prayoginipun / dhusun /. | inggih ing Bogor punika | langkung têbih Giri praptanipun ngriki | amangka lampah dharat ||

5. Pan ing pundi ingkang dènmargani | kongsi sagêt prapta dhepok kula | langkung gawat saturute | lwir ing pakèwêtipun | rêdirêdi kang kathah singit | jro jurang-jurang guwa | kèh rêncananipun | sarpa gung banaspati ka | kayu-kayu arungkut kèh ori rumpil | singa warak andaka ||

6. Ingkang sami angadhangi margi | mongira samya krura mamangsa | sêsêngkan jurang pèrènge | watu-watu alunyu | tur tumawing miring anggawing | tan kêna ingancikan | watune gumlundhung | têla-têla isi ula | kidêggana pinggire anyêmbur sami | ulanya galak-galak ||

7. Saking pundi gènnira lumaris | wontên kêdhik kang ragi warata | tan kobêr anggung godhane | ingkang murungkên laku | tanpa wilis mawarni-warni | siluk-siluk pinggirnya | jurang lunyu-lunyu | yèn gocèkana witwitan | wit-witane anggawing tur mawa êri | êrine mawi upas ||

8. Witing kayu pinggir parang curi | yèn cinandhak witte pol kewala | padhas landhêp ngatut bae | tumibèng jurang iku | sarpa

--- 1 : 192 ---

singa lajêng nampèni | liyanipun anak mas | ing têngah tan tutug | tangèh ing ngriki praptaa | ulun sampun anjajah ing ardi-ardi | wêgah nora kêconggah ||

9. Kunêng lingnya Kyai Wargapati | radyan mèsêm alon angandika | dhuh paman ing saèstune | gampang kalawan ewuh | apan wontên ingkang akardi | yèn purunna ing gampang | ajriha ing kewuh | sabarang botên tumêka | yèn antêpan gampang ewuh dados tunggil | ing purwa boya nana ||

10. Gèdhèg-gèdhèg Kyai Wargapati | ngunandika sajroning wardaya | satuhu wong luwih kiye | nayana sumèh mancur | wicarane arum patitis | wacana anurraga | aris aturipun | dhuh kang sinung kanugrahan | kaparênga mampir dhatêng wisma mami | ing Bogor kang katingal ||

11. Lah saiba sukaning tyasmami | miwah sanggyaning kang kulawarga | lir manggih sotya sagênthong | nak anggèr karsanipun | têmbe ulun ingkang umiring | rahadyan tan lênggana | mandhap saking gubug | Ki Warga lumakyèng ngarsa | mawa têkên kathiplakira cinangking | dupi prapta ing wisma ||

12. Atêngara kênthongan tinitir | kulawarga jalu èstri prapta | (ng)gili tan ana kêndhate | uning yèn ana tamu | samya bikut (ng)gêlar-(ng)gêlari | pawèstri olah-olah | sadhiya susuguh | radyan sampun ingaturan | lênggah salu linèmèkan glaran pasir | iyasan ing Palembang ||

13. Gathak Gathuk wus dènancarani | Kyai Warga matur mring rahadyan | ingkang sakeca nak anggèr | wusnya matur gya mundur | paparentah marang ing batih | ajuning kang sugata | wus lumadyèng ngayun | gantya sês myang wedang kahwa | nyanyamikan gêndhis siwalan manjêni | Ki Warga lon turira ||

14. Cumanthaka pun bapa ngaturi | pasugata sumangga kinarsan | lah ngriku ge sawontêne | Gathak Gathuk abikut | wusing nginum dhahar nyanyamik | amung ngecani ing tyas | anulya kinukut | lumados sugata dhahar | liwêt gaga wajar liwêt tambra anyir | bêbacêm ulam tambra ||

15. Lêmêng tambra gèsèk tambra asin | kolak tambra asêm-asêm

--- 1 : 193 ---

tambra | tigan tambra tambra dènpès | acar tambra myang êtum | tambra gêcok tambra dènasin | êtim gorèngan tambra | abon age sêmur | opor sami ulam tambra | sambêl gorèng tambra tambra urip-urip | sambêl ulêg lalaban ||

16. Marik-marik tinata nèng ngarsi | wus rumanti Ki Warga turira | pun bapa atur dhahare | sakawontênanipun | radyan (n)dhêku nulya awanting | Bismillah lêkas dhahar | têlas gangsal tanjung | kalawan asinan tambra | udakara têlas mung sajênthik miring | atop ambal-ambalan ||

17. Kyai Wargapati tansah nglirik | ngandikèng tyas baya wus alama | sang luhung (ng)gonne tan (ng)gape | ing boja miwah minum | nora saka ewuhirèki | rupane rada nyêngka | saka rahab mring sun | ambêng nulya cinarikan | wus tinata anèng ngarsane abdi dwi | anulya ingancaran ||

18. Wawi anak sami awawanting | sampun mawi taha-taha ing tyas | di kaya wismanta dhewe | Gathak Gathuk anuwun | inggih sampun awalangati | tan rikuh-rikuh kula | wus bukti ngathêkul | Gathuk aris atatanya | lah-olahan datan wontên saliyaning | sadaya ulam tambra ||

19. Kula pancèn karêm ulam niki | Wargapati lingira (ng)gih anak | amung iku ingkang jathok | ingah-ingahanulun | blumbang-blumbang sadaya isi | tan lyan ulam tambra | gurih gêmpi êmpuk | Gathak Gathuk dènnya nadhah | wus dumugi nulya ingundurkên aglis | akiring waktu Ngasar ||

20. Kyai Warga parentah mring dasih | angrêsiki langgar myang padasan | wus rumanti sadayane | umatur ring sang luhung | bilih karsa wêkdal Ngasari | ing langgar wus sadhiya | radyan linggar gupuh | samya ngambil toya kadas | Gathuk adan wusing sunat dènkamati | gya pêrlu waktu Ngasar ||

21. Wus paragad dènnira Ngasari | Jayèngrêsmi alon angandika | paman lamun marêngake | kula pan botên wangsul | dhatêng panti eca nèng ngriki | Ki Warga aturira | kalangkung panuju | datan wontên sehosira | gya parentah mring dasih kinèn ngusungi | dhaharan pangunjukan ||

--- 1 : 194 ---

22. Glaran pasir lêmpir ulês putih | wus pinrênah dhaharan tinata | Ki Warga tansèng ngarsane | cakêt lan Gathak Gathuk | Gathuk tanya mring Wargapati | dhuh Kyai anglêpatna | sagunging babêndu | ulun nyuwun sasêrêpan | sampun pintên yuswa paduka Kiyai | dene ta maksih kiyat ||

23. Anak êmpun sangang dasa kalih | Gathak njingklak wathah tuhu wrêddha | têka taksih kadi anèm | punapi saratipun | Kyai Warga ngandika manis | datan mawi isarat | amung sabên tangsu | anglampahi puji-dina | têka mangke lir lampahe toya mili | pancèn agêng sawabnya ||

24. Gathak Gathuk sarêng aturnèki | nuhun Kyai ulun ngalab barkah | supadi kadi slirane | pinarêng panjang umur | sênêng têntrêm jangkêp ngaurip | winantu karaharjan | salaminya hidhup | Ki Warga aris ngandika | inggih anak makatên pujinirèki | kalawan lampahira ||

25. Gathak Gathuk gya sami nyêlaki | mêdhar sabda ingkang pujidina | ping pitu pan sanès-sanès | inggih ingkang rumuhun | dina Jumungah lampahing Nabi | Rosullolah salalu | hi wasalam iku | mapan tan adhahar sêga | ing sadalu sadina pujinirèki | ya kapiya muninya ||

26. Winical ping satus tiga nênggih | ing sadalu sawabe pan angsal | kang nugrahaning Hyang mangke | ping kalih dina Saptu | Sayidina Ngusman (n)darbèni | tan sare lampahira | sadintên sadalu | puji: ya patah ya rajak | winaca ping satus titiga sawêngi | sawabe ingajrihan ||

27. Dening mahluk kabèh kang kaping tri | dina Akat ingkang darbe lampah | pan Sayidina Ngumare | ing sadintên sadalu | tan anginang pujinirèki | ya kayu ya kayuma | angsal kaping satus | têtiga sadalunira | sawabe rahayu saumurirèki | kaping pat Isnèn dina ||

28. Kang lampah Nabi Ngisa puniki | ngalahisalam tan dhahar ulam | ing sadina sawêngine | ya rahman ya rahkimu | pujinira satus sawêngi | mapan punjul titiga | sawabe jinurung | ing Allah sakarsanira | kaping lima dina Salasa darbèni | kang lampah

--- 1 : 195 ---

Abubakar ||

29. Tan adhahar tan nginum sawêngi | lan sadina puji subkana ma | -likil kudus wacanane | ping satus lan têtêlu | ing sadalu sawabe ugi | sinihan dening Allah | kaping nênêmipun | dina Arbo ingkang lampah | Nabi Brahim wa ngalèhi wa salami | pan nora dhahar uyah ||

30. Iya sadina lawan sawêngi | puji: subkanna maliki khahar | ping satus têlu wacane | sawêngi sawabipun | ingapura dosane nênggih | dening Allah Tangala | kaping pitunipun | dina Kêmis ingkang lampah | Sayit Ngali tan ngunjuk toya saratri | iya lawan sasiyang ||

31. Pujinipun: ya kabiru malih | ya mutangal ping satus winaca | lawan titiga langkunge | sadalu sawabipun | sinung kuwat sabarang kardi | mring Allahu Tangala | puji-dina iku | sapa wonge nglampahana | tinarima ngamale mring Hyang Linuwih | salamêt dunya kerat ||

32. Gathak Gathuk matur sru kapundhi | wanci Mahrib suruping baskara | wus ngalumpuk sadayane | santri alit myang agung | samya ngambil toya astuti | mring langgar maca slawat | swaranya gumuruh | tan pantara ingadanan | samya sunat bakda nulya dènkamati | gya Mahribbi sadaya ||

33. Jayèngrêsmi ingkang angimami | swara arum buntas titih cêtha | Mahrib tumêkèng Ngisane | paragading kang wêktu | pupujian angalik-alik | donga matumpa-tumpa | ingaminan guyub | sawusira bakda Ngisa | para santri tumurun saking ing masjid | kang kantun amung ingkang ||

34. Angladosi miwah Wargapati | datan mantuk eca pinarakan | nèng masjid lawan tamune | Wargapati umatur | dhuh nak anggèr bilih marêngi | mugi kaparêngana | pun bapa yun wêruh | gancare ingkang winastan | dahru-jaman punapa sampun nyêlaki | punapa taksih lama ||

35. Jayèngrêsmi awacana manis | ingkang winastanan dahru-jaman | walahualam dhawuhe | yèn mangkya kintên-ulun | dèrèng mangsa anitik saking | kawontênane janma | praja

--- 1 : 196 ---

dhusun |Kurang dua suku kata: praja miwah dhusun. tanapi pasisir arga | taksih sami tan ana ngambah panitik | kasmaran kapirêngna ||

57. Asmaradana

1. Andikanira (n)Jêng Nabi | dhatêng kang para sakabat | hèh sakabatingsun kabèh | ing benjang sapungkuringwang | ana mangsa satunggal | kang padha mênangi besuk | ing mangsa dahuru jaman ||

2. Pratandhane kiyamatti | tur angrusak ing agama | ing sakèhing umatingong | Bagendha Ngali tur sêmbah | amba inggih punapa | mêningi jaman dahuru | nayakaningrat ngandika ||

3. Tan ana ingkang mêningi | sarupaning sabatingwang | Sayid Ngali alon ture | amba anglindhung ing tuwan | Nabi malih ngandika | ya sakèhing sabatingsun | padha sira piyarsakna ||

4. Yèn prapta ing jaman akir | sakèhe umat binagya | pan amung saduman bae | kang pinasthi anèng swarga | pinara pitungdasa | pinasthi narakanipun | tur padha sinungan lanat ||

5. Kang ana sawarga benjing | kang anut agama Islam | pan lilima pikukuhe | sadat salat lawan siyam | jakat kalawan pitrah | munggah kaji limanipun | iku marga kang sampurna ||

6. Kang ora nut marga mami | iku dudu umatingwang | apan akèh têtêngêre | ing mangsa dahuru jaman | ana rupa pandhita | miwah ta panganggonipun | kadya tuhuning pandhita ||

7. Pangucape Nabi Wali | kang ginawe pasikêpan | tur tan ana kayêktène | amung rarasan kewala | tan arsa angibadah | angaku edan mring ngèlmu | ngaku sampurnèng makripat ||

8. Wontên angaku wong singgih | anuwalani (n)Jêng Duta | aru-ara pangucape | tandhane sinungan lanat | dening Hyang Maha Mulya | iku karanne tan emut | kinarya isi naraka ||

9. Tuwas sêmbahyangirèki | tan dadi wangsiting tingal | hura-huru wicarane | wong wadon ginawe sabat | tur ngaku sinêrahan | isining jagat sawêgung | ngidhêpa maring rèhingwang ||

--- 1 : 197 ---

10. Amangana turu iki | padha lawan asêmbahyang | mapan tan ana bedane | kabèh-kabèh padha lampah | bêcik kalawan ala | nora nana bedanipun | pan uwis pangawak Suksma ||

11. Kang pinangan nora milih | kalal karam iya doyan | sajêng inum-inumanne | wêtênge kang pinangeran | miwah ta wong ajina | nora nana bahyanipun | mapan wus awas ing tingal ||

12. Kang suci kalawan najis | iku nora na bedanya | bumi sona padha bae | datan miyatani sira | tunggal pinangkanira | sona tan lawan sinêrtu | pan wus pangawak sagara ||

13. Sakathahe mati singgih | sasambêleyan Hyang Suksma | pan nora nana paene | wênang panganên dènnira | iku ngrusak agama | jajallanat saminipun | yogya sira singgahana ||

14. Kang sawênèh polahnèki | apêksa edan-edanan | sarta dènrusak ragane | panganggone tatambalan | polahe lir wong edan | tingkahe kaya wong liwung | kulambi walulang macan ||

15. Sapolahe nora yêkti | mindha wong brangta Pangeran | kang kadi wawijangane | sampurnane makripatnya | iku kang dadi wêjang | tan wêruh yèn dadi kupur | iku angrusak agama ||

16. Kalampahan mangsa iki | wong jail kaya pandhita | wong ngalim kadya wong bodho | bênêr dadi luputira | wong ina dadi mulya | mulya dadi inanipun | wong sugih dadi kasihan ||

17. Wong kasihan lir wong sugih | raja dènanggêp kawula | abdi lir raja anggêpe | desa gêng dadi dhukuhan | dhukuh dadi nagara | akathah dêlajadipun | ing mangsa dahuru jaman ||

18. Ing mangsa mangke puniki | akathah wong asikara | lanang wadon dèn-tung gawe | suale kang dipun ulah | ginawe babantahan | apêksa wirangi ngèlmu | ujare brangti Pangeran ||

19. Kang durung dipun kawruhi | iku kang dènkarya sual | aling-alingan tatakon | wirang lamun (ng)guguruwa | tansah angamandaka | ora ana di pangèstu | ngèlmune kang winicara ||

20. Kang sêtêngah ngèlmunèki | dèn sambang-rapêt kewala | dan athik lawan budine | rumangsa yèn wis kabuka | pinatut lan micara | nora na dadi pangèstu | amuhung bisa rarasan ||

--- 1 : 198 ---

21. Kang sawênèh paksa sidik | kaya wong ngarip lampahnya | ambêciki ing lungguhe | darapon katonna lumya | lumaku dèn alêmma | angêgungakên ing laku | nèng sangarêpaning kathah ||

22. Yèn asêpi nora milih | kalal karam dipunpangan | suci najis dipunangge | urate nora karêksa | yèn anèng pasamuwan | kaya wong wirangi tuhu | dening karya masalahan ||

23. Kang sawênèh ngèlmunèki | dipun simpêni kewala | sami dèn wruhana mangke | eca dènnya ngambil kasap | kang anggung dipun ulah | milane asimpên ngèlmu | sawadinipun wêruha ||

24. Ana wong kang amadoni | api-api nora bisa | iku amrih duduning wong | lungsène angamandaka | yèn mêtu ujarira | anuli dèntutuh tuhu | angungkurakên kewala ||

25. Wênèh wong kang nora pilih | kalal karam dipun pangan | lwir wong edan sasolahe | alênggah anèng pawuhan | sapinggiring dadalan | iku pangambilannipun | amrih kuncara ing kathah ||

26. Akathah ngèlmu tan yêkti | ing mangsa dahuru jaman | wong angambil ngèlmu rêke | akèh ginawe ampungan | yèn kêsusahan manah | kadya wong birai tulus | yèn sampun suka tan ketang ||

27. Kang mukmin tan ana kari | kantun namane kewala | miwah ingkang Islam kabèh | kari tandhane kewala | miwah kang ngaji Kur'an | akèh kêtungkul ing laku | ciptane madhêp ing liyan ||

28. Lumaku ingalêm pingging | kang minangka gamanira | êmas picis iku rêke | wêtênge dadi panutan | kêtungkul dening boja | dahat kalindhih ing tutur | tan pêgat madhêp ing dunya ||

29. Suwiji tan ana kari | kang umilih kabêcikan | miwah kang maksiyat mangke | tan parikudu cinêgah | ratunya kadya macan | kadi singa ki pangulu | munapèk lir asu alas ||

30. Wong pêkir miskin lir kambing | datan bisa amimitran | lwurlwir. paksi nèng kurungane | dene macan lawan singa | miwah kang asu alas | angidêri marang wêdhus | tan angsal mangane mentar ||

--- 1 : 199 ---

31. Tamat paman kang pawarti | ing mangsa dahuru jaman | Ki Wargapati turnya lon | langkung pamundhi kawula | ing pangandika radyan | wus manjing ing waktu Subuh | samya ngambil toya kadas ||

32. Gathak adan ngalik-alik | nulya waktu Subuh samya | rahadyan dadya imame | bakda pupujiyan rahab | donga matumpa-tumpa | ingkang amin sêsêg sayuk | Hyang Bagaspati kawuryan ||

33. Nyunari sèsining bumi | rahadyan aris ngandika | ingkang agung aksamane | ulun ayun (n)dumugèkna | ing lampah mupung enjang | adrênging tyas ayun wêruh | patilasaning kadhatyan ||

34. Pajajaran duking nguni | Ki Warga aris turira | pun bibi ayun cacaos | sarapan enjing-enjingan | rahadyan ris ngandika | sangêt ing panrimah ulun | sampun mawi susah-susah ||

35. (m)Bujêng lampah mupung enjing | Ki Warga (n)dhêku sumangga | sakarsa ulun andhèrèk | wus linggar saking ing langgar | Ki Warga tansèng ngarsa | datan kawarta ing ênu | wus prapta ing patilasan ||

36. Kraton Pajajaran nagri | rahadyan miyat balumbang | wiyar awêning toyane | binatur ing sela krêsna | ingukir sasêkaran | dahat kacaryan sang bagus | Gathak Gathuk tan saranta ||

37. Gya anggêbyur rarya kalih | lulumban anèng balumbang | Ki Wargapati ature | punika kang patilasan | kang kantun mung balumbang | mangkya tumut Comas dhusun | blumbang agung paedahnya ||

38. Criyosipun tiyang ngriki | yèn èstri datan wêwêka | jalêr èstri samya ciblon | sabên ari ingkang malang | enggale kaping tiga | laminipun kaping pitu | tamtu lajêng darbe suta ||

39. Sela satêpining bèji | ingkang (m)bladêr borèh sêkar | punika apan pupundhèn | dipunmumule ing kathah | manawi wontên tiyang | gadhah kajêng anyunyuwun | punapa sakadarira ||

40. Katrimah ingkang pamuji | sayêktos tamtu tinêkan | mila kajuwarèng ngakèh | kathah tiyang mancapraja | sami karaya-raya |

--- 1 : 200 ---

mrêlokakên anyunyuwun | dhatêng Kyai Selagilang ||

41. Radyan mèsêm lingira ris | (ng)gih paman botên kadosa | atut rèh patilasane | wong agung ing jaman Buddha | tumêka ing samangkya | istijrate datan surut | labêt wus katarimèng Hyang ||

42. Sarèhning sampun dumugi | (ng)gyanulun myat patilasan | paman lilanana ingong | lajêng maring arga Salak | Ki Warga aturira | dhuh babo risang linuhung | bilih kaparêng ing karsa ||

43. Ulun sawangsa umiring | dhumatêng ing arga Salak | têmbe manawi rahadèn | wus mapan ing padhepokan | ulun kalilanana | wangsul mantuk dhatêng dhukuh | Jayèngrêsmi rum wacana ||

44. Paman kalangkung prayogi | Ki Warga nulya umentar | nglêmpakkên anak putune | miwah ingkang kulawarga | kang bisa nambutkarya | lan mamatutakên tuwuh | mrih manise tiningalan ||