Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

74. Maskumambang

1. Sanalika lir mas tumimbul ing warih | lêpas lampahira | tan ana sangsayèng margi | nir lapa arip myang sayah ||

2. Tyasnya karo kandêl kumandêl ing Widdhi | was uwas tan ana | tan lyan pasrah ing Hyang Widdhi | solahe raga lir sarah ||

3. Anèng laut anut ombaking jaladri | dadya tan rumangsa | lamun kwasanya pribadi | kabèh kuwasaning Allah ||

4. Myang winantu ing saba risang linêwih | gancanging kang lampah | wus prapta ing Rawun wukir | kèndêl têpining talaga ||

--- 1 : 266 ---

5. Kacaryan (m)bêk anon wêninging kang warih | samodra Supitan | ing Bali cêtha kaèksi | jong layar akêthap-kêthap ||

6. Krajan dhusun padhukuhan lawan sabin | têgal pakêbonnan | pasêtrèn têpining kali | tinon saking têpi tlaga ||

7. Apapanthan corah-corah katon gasik | myang turunning toya | sudhètan saking têlagi | lir sarpa sotya lumarap ||

8. Praptèng ngare dadya lèpèn gung medahi | sabin patêgalan | tan ana kurangan warih | mila sakèhe tanêman ||

9. Subur-subur ron ijo wênês dumêling | sêkar samya mêkar | wowohan wohe ngêmohi | mawèh sêngsêm tiningalan ||

10. Sapucaking arga Rawun pan kaèksi | ingkang padhêkahan | kinubêng ing taru asri | capaka pêthak candhana ||

11. Marga mubêng kadya sarpa mulêt ing wit | satêpining marga | kanan kering dèntanêmi | sasêkaran warna-warna ||

12. Sajawining sasêkaran kalèn alit | binatur ing sela | cêmêng pêthak miwah abrit | amalipir anut marga ||

13. Awurahan paksi salindhitan ori | bèthèt atat kêmbang | rang-urangan mancawarni | drêkuku dêruk sêpahan ||

14. Menco jalak pênyu urèn klawu putih | prêkutut nèng êpang | anduduk layu dumêling | manyura ngigêl kirab lar ||

15. Rancangkapti matur raka sang apêkik | kakang kang kawuryan | pucaking prawata iki | wangune kaya dhukuhan ||

16. Baya iki margane munggah mring nginggil | kang (ng)gubêt ing arga | têngah arata tur gasik | kinamadha sasêkaran ||

17. Kalèn alit binatur sela warna tri | tirtanira maya | payo kakang diunggahi | mênèk ana kang dhadhêkah ||

18. Sakalihe wus manjat anggraning wukir | Buras anèng wuntat | rêngêng-rêngêng sukèng ati | katandha lêjaring driya ||

19. Dupi prapta ing pucak kèndêl jawining | pagêr sêsêkaran | argulo bang jêne putih | ijo dadu kapuranta ||

20. Sinalisir katang putih sêkar wilis | sajawining dhadhah | pinagêran sela langking | gapuranira maju pat ||

--- 1 : 267 ---

21. Palataran winêdhi malela langking | tinêpi ubêngnya | sela lintang sakêmiri | gêng rampak tinata wrata ||

22. Balekambang anèng têngah wangun candhi | marginya maju pat | têrus ing gapuranèki | narênthêng marga sukêtan ||

23. Wot panjalin ingênam limarkatangi | pinggirnya lajuran | pucuk tumancêp ing siti | ron samya trubus ngrêmbaka ||

24. Kang ingambah mancèrèt tan ana sêmi | amung kering kanan | saasta kang samya sêmi | inggil sadhadha watara ||

25. Umbul ingkang ngidêri saengga candhi | ingingonan mina | guramèh myang tambra abrit | bayak kadya langên taya ||

26. Kawarnaa kang dhêdhepok têngah bèji | wanita wus randha | mancênning rêsik gumrining | cahya anuksmèng sasangka ||

27. Rara Sukci wahdat datan mawi krami | oliya wanita | kyattingrat dyah Tan Timbangsih | duk uning ana dhatêngan ||

28. Miyos saking yasakambang ngore wèni | sinjang lêlêmêsan | sumêkan gadhung malathi | rimong sutra dhasar jênar ||

29. Ngawe-awe pangandikanira manis | babo putraningwang | ywa kadangon anèng (n)jawi | banjura mlêbu kewala ||

30. Kang sinung ling kagyat gya lumêbêt aglis | praptaning ngayunan | ngraup pada ganti-ganti | riwussira ngraup pada ||

31. Rancangkapti kinanthi sang maha yogi | radèn anèng wuntat | kalawan Ki Buras santri | wus umanjing padhepokan ||

32. Nistha wolu sakawan gêdhongirèki | jrambah ginêlaran | prangwadani catur warni | satêngahing kang jarambah ||

33. Palênggahan sela candhani ingukir | lung-lungan sêkaran | ngandhap angrong pindha kursi | bundêr pinara sakawan ||

34. Angajêngkên gapura kang maring (n)jawi | singgêtan sakawan | ingukir angukêl pakis | sèndhènan lêgok lus gilap ||

35. Trus ing nginggil dadya langitan cinawi | ron myang sasêkaran | nèng anjang-anjang angrêmit | ing pucak dhandhang kirab lar ||

--- 1 : 268 ---

75. Dhandhanggula

1. Jroning panti catur gêdhongnèki | kang lèr wetan sela bang kinarya | sarwa abang rêrênggane | lèr kilèn sela pingul | sarwi pêthak rarêngganèki | kidul kilèn kang sela | jênar dhasaripun | rarênggannya sarwa jênar | kidul wetan sela itêm kang kinardi | rarênggan sarwa krêsna ||

2. Gêdhong catur candhelanya tunggil | satêngahing wiwara maju pat | pan samya ngalih lawange | mring jarambah kang ngayun | sajuganya samya nêngkêri | ingukir rêrêmitan | sêsêkaran êlung | pipi lawang kering kanan | dhapur naga mulêt wit angrangsang pêksi | ingkang andon woh-wohan ||

3. Datan uwus rarêngganing tulis | wawarnane ingkang padhepokan | wiku Sukci asramane | radyan myang arinipun | tiga Buras tan ana angling | sru eram ing wardaya | gèdhèg-gèdhèg (n)jêtung | Rara Sukci wus alênggah | majêng ngetan nèng tengah jarambah asri | katiga munggwèng jrambah ||

4. Tan Timbangsih manis wiyosing ling | kulup rara ingsun nilakrama | kasih para sakarone | lan ngêndi pinangkamu | prapta kene apa kinapti | asamun sêpi sêpa | tur wêrit kalangkung | ing marga akèh babaya | tur apringga kang kaambah parangcuri | sapa kang tuduh sira ||

5. Radyan matur saha mangênjali | dhuh pukulun kakasihing Suksma | amba matur sayêktine | Jayèngsari ran-ulun | ari èstri pun Rancangkapti | rencang nama pun Buras | saking Surèngkewuh | praja ing Giri kadhatyan | angulati kadang sêpuh ingkang anis | Jayèngrêsmi paparab ||

6. Pan kalunta praptèng Argapuri | kapanggih Sèh Wahadat punika | kang sung têdah mring dasihe | sabdane sang linuhung | têka gampil praptèng ngong ngriki | wiku rara ngandika | Sèh Wahdad puniku | satuhune kadangingwang | yakul-mukmin ing pangawruh wus anunggil | Rara Sukci Sèh Wahdad ||

7. Kulup rara panganggêp dènsami | di kaya duk anèng Argapura | dupi miyarsa rahadèn | mahyakkên sru panuwun | kang timbalan [tim...]

--- 1 : 269 ---

[...balan] sang maha èstri | mangkana cinarita | sabên arinipun | ing tyas manggung suka rêna | sajuga ri wikwèstri pinarak munggwing | têpining yasakambang ||

8. Angsung boga gramèh tambra abrit | Jayèngsari lawan Rancangkaptya | makidhupuh nèng ngarsane | wikurara lingnya rum | kulup rara dakcaritani | margane raganingwang | mahas ing asamun | tan atolèh kadang-warga | sakawite ingsun amaca kintèki | ran Kadis Markus Baslam ||

9. (ng)Gonku maca nganti wola-wali | ingsun rasa-rasa surasanya | dadya anandhang wirage | yayah kusumaning rum | wus diwasa baratèng krami | pungkasing panggraita | tan lyan ing asamun | rahadyan umatur nêmbah | kadiparan cariyosipun kang Kadis | têka karya wigêna ||

10. Rancangkapti matur mangênjali | bok inggiha kaparêng ing driya | amêdharkên cariyose | sadaya kang kasêbut | wontên Kadis sang wiku putri | mèsêm sarya ngandika | rara panjalukmu | caritane Markum Baslam | dak wiwiti saka bubukaning tulis | iki piyarsakêna ||

11. Hadha bayanul bihainati | ya ayu halladina amana | wan sikhan waman bae |Kurang satu suku kata: waman sikhan waman bae. kayat luamanhu |Kurang satu suku kata: kayat luamanahu. wabil umaratu khayati | waman supiya tukha | waina kayatu | wawimutmaina tukha | sapinati khamil saratu albahri | kharijul pilbansukha ||

12. Nênggih wontên carita winarni | lapal saking Kadis Markum Baslam | lêlêpiyan supayane | dadya pangemut-emut | wruhing tandha têpa palupi | nêpsu kang ginupita | Luamah rippipun | urippe nêpsu Amarah | lan urippe nêpsu Supiyah puniki | lan nêpsu Mutmainah ||

13. Raja Mutmainah kang winarni | ajujuluk sang Prabu Dyatmika | Suksma Mulya paparabe | pan kandhane ing wahyu | nagarane Lali-muslimin | tan abala sajuga | sêktine kalangkung | kawasa misesa ing rat | nora ana ingkang padha anglawani | sajagad mati atab ||

14. Amung cipta bae balanèki | sakêdhap bala tanpa wilangan | Sang Mutmainah kwasane | lamun tan darbe kayun | nora duwe

--- 1 : 270 ---

bala sawiji | angijaban idayat | mangkana cinatur | gantya ingkang kawuwussa | ana ratu têtêlu prakosa luwih | samya arda prakosa ||

15. Bisikannira sri narapati | ajujuluk Mahraja Luamah | Raja Amarah arine | dene wuragilipun | sang Raja Supiyah pawèstri | prawira mandraguna | lêmbut karya luput | samya bala tan petungan | sadhukut saking tri sagrêmêtting bumi | sawêdhining sagara ||

16. Sang raja katri miyos tinangkil | mêdal sadaya bala durbala | ting prêngangah ngame-ame | angame mamah-mumuh | Kyana Patih Mangkubilai | Tumênggung Kamandaka | myang Arya Pangridhu | Panji Wirajail seba | Rangga Wirakêmat Rangga Waningisin | lan Rangga Tisnacidra ||

17. Angabèi Surawirang nangkil | Angabèi Kiyanat aseba | lan Ngabèi Plenya-plenye | Ngabèi Têbêl-ngêpluk | lan Ngabèi Rucibêsiwit | Ki Dêmang Doyanmangan | Dêmang Siptaturu | lan Kyai Dêmang Antukan | lan Ki Dêmang Trocoh Dêmang Srêgêp-ngisin | Ki Lurah Dhososugal ||

18. Lurah Ras-arasên-ngêbluk nangkil | lan Lurah Tan-graita aseba | lan Kyai Lurah Kalalèn | sadaya anèng ngayun | pêpak andhêr samya anangkil | ngandika Sri Narendra | Raja Luamahu | mring ari Raja Amarah | miwah marang jêjênggul para bupati | kêpriye karêpira ||

19. Ing pratingkah dera mangunjurit | angrusak mring Raja Mutmainah | binêrat pinrih sirnane | aja na kang kadulu | nora nana dadya nyampahi | ing kaprawiraningwang | kang rayi umatur | yèn sêmbada karsa nata | linurugan lajênga ginêpuk wani | kajênge tumpês pisan ||

20. Sampun rêmbag sadaya kang pikir | sampun rêmbag Sang Raja Luamah | yèn wus mangkono rêmbuge | nuli linakon gupuh | aja kongsi klayatan budi | adhi Raja Amarah | iya sabalamu | miwah arinira pisan | ya si adhi Raja Supiyah ywa kari | angkatna balanira ||

--- 1 : 271 ---

21. Nulya sang Raja Amarah angling | mring patihira Angkaramurka | kinèn budhal sabalane | mijil sing nagrinipun | astanane ana ing ati | ati puat (ng)gonira | ing sajatinipun | puat punika lilimpa | pangwasane panastèn sabarangkardi | budine Sang Amarah ||

22. Ni Raja Supiyah angundhangi | mring patihe ni bok Jajawatan | lan ni Tumênggung Nyalèrèng | nyi Arya Guyu-guyu | lawan nyai Kinincangalis | nyai Rangga Èsêman | nyai Adusêmu | kalawan nyai Parikan | nyai (n)Dhèpèl nyai Wèwèh-wangi-wangi | nyai Grêgêtên-nekat ||

23. Mijil saking ing manah maknawi | iku pupusuh sajatinira | ana dene pangwasane | penginan barang kayun | ayun ngayang sruning kapengin | nulya Raja Luamah | angundhangi gupuh | mring Patih Mêngkucilaka | sabalane tumênggung arya ngabèi | kumêrap bala kuswa ||

24. Nênggih mêdal saking ati siri | siri punika sajatinira | ing jajantung sayaktine | dene pangwasanipun | marang karêp karêp abukti | sabarang kang pinangan | sruning parikudu | lalenan sabarangkarya | rupanira Luamahi sang cahyèki | dene nêpsu Amarah ||

25. Cahyanira abang anglangkungi | dene nêpsu Supiyah cahyanya | nênggih akuning rupane | nêpsu katri punika | angrêgêdi cipta kang êning | mênggah êning punika | nêpsu kang rahayu | iya nêpsu Mutmainah | astanane anèng ati sanubari | iku ati sampurna ||

26. Cahyanira putih anêlahi | pangwasanira sabar narima | tuma-ninah rèrèh sarèh | tawêkal iman ayu | punika kang arsa jinodhi | mring sang Prabu Luamah | myang sawadyanipun | gumuruh ngèbêki jagad | mara têlu ing marga lampahe baris | ri sang Raja Luamah ||

27. Mêdal saking ing tutuk anggili | pênuh gumrah asru swaranira | Raja Amarah gurunge | ing talingan ambrubul | ting sarêbêt sêsêg kang baris | (m)barabas sasrêmpêngan | jampêng tanpa ngrungu | dene ni Raja Supiyah | mêdal saking ing netra anduduk andik | andadak kêdakira ||

--- 1 : 272 ---

28. Gya prapta ing ati sanubari | sigra kinêpung binaya mangap | binathithit sampêt kabèh | kang dadi agul-agul | para patih katiga èstri | prakosa mandraguna | ampuh ing prang pupuh | tate angrusak agama | apan bisa angrêmêt pênggawe bêcik | mudharakên ing tapa ||

29. Anglalèkkên panggawean bêcik | mulane akèh wong kênèng ala | têka ing tingkahe dhewe | sababe dene nêpsu | dadi jalaranning bilai | rosaning kang Luamah | lan Amarah nêpsu | Supiyah digdayanira | sabên dina mumurung panggawe bêcik | aja na kaslamêtan ||

30. Wus tinata (ng)gonne rêbut titih | sang Raja Mutmainah atampa | ningali mungsuh praptane | anggoragodha punggung | nulya nyipta bala gung prapti | pra bupati punggawa | andhêr ngarsanipun | pinacak satundha-tundha | kyana Patih Sabar-maklum anèng ngarsi | Tumênggung Tumaninah ||

31. Arya Prasaja Arya Bèrbudi | Ngabèi Mantêp-têmêningkarsa | Ngabèi Liladanane | Rangga Eklas nèng ngayun | Rangga Tawêkal myang Dêmang Sidik | lan Dêmang Musawarat | lan Dêmang Tapakur | pêpak sadaya nèng ngarsa | ngandika Sang Raja Mutmainah singgih | mring wadyabalanira ||

32. Èh ta priye karêpira iki | ana mungsuh datanpa wilangan | angrusak ing manah salèh | Ki Patih Sabar-maklum | matur inggih lamun suwawi | saajangane ajang | prayogi pinagut | ing pupuh linawan ing prang | angandika sang Prabu iya dèn bêcik | aprang lawan wong kopar ||

33. Nulya mangkat barissira ririh | saking ati sanubari ika | mêdal ing grana lurunge | aputih cahyanipun | sampun prapta cundhuk kang baris | samya ayun-ayunan | sampun ing prang pupuh | mumungsuhan tatandhingan | kang bupati sami bupati ajurit | prang bala sami bala ||

34. Mangku-blai lan Rahayu-budi | Angkaramurka lan Tumaninah | Siptaturu lan Bêtah-mlèk | rame pupuh pinupuh | Doyan mangan lan Bêtah-ngêlih | pun Jail lan Prasaja | pan pêluk-pinêluk | Ki Srèi mungsuhan Sabar | ki Jubriakibir lan ki Sarèhjurit |

--- 1 : 273 ---

rame abandhayuda ||

35. Gênti titih-tinitih ing jurit | udrêg-udrêgan sadina-dina | tan ana kasor karone | Raja Luamah (n)dulu | mring balane dènnya ajurit | juritte tanpa wêkas | tanana sor unggul | sigra sang Raja Luamah | angundhangi bala babantuning jurit | wadya prajurit buta ||

36. Pirang-pirang buta tanpa wilis | panggêdhene pun Drêmbadursila | pun Gugur-tingkah sawênèh | myang pun Bêrung-brêgudung | pun Dêksura pun Tobatngêlih | pun Bingung anêmpuh byat | pun Gêragas-nguthuh | pun Kalana Gas-êgasan | pun Bêsono lan pun Dhêngglêng-oraeling | pun Ngluka ngawut wuta ||

37. Sigra kinèn tumandang ing jurit | Raja Luamah parentahira | binyukan kèh wong sijine | krubutên loro têlu | krubutên pat dimèn glis mati | kabèh nuli sirnaa | aja na kang munggut | si binatang Kaslamêtan | nora patut gawene angrusak kibir | amumurung cilaka ||

38. Wus dènaglis pêpêssên ing jurit | sigra tumandang nêpsu rêksasa | ambêg sru krura tandange | ngrubut nêm pitu wolu | mêmêt sampêt pêpêt ngèbêki | bangkak angangkak-angkak | kang jagad macucu | ciyut kacakot ing buta | dadya pêcat bala kasucian tapis | apês tumpês sadaya ||

39. Bala ing kasucian binukti | minangka dadya panganning buta | sêgêr sumyah lêga tyase | atuwuk manggut-manggut | nora nana bala kaèksi | mung kantun ratunira | kang maksih ngunguwung | risang Raja Mutmainah | duk tumingal tumpêsse balanirèki | asabil kamalira ||

76. Sinom

1. Wontên kaoling ngulama | muktamat para musanip | wêwinih nêpsu punika | iya ingaranan budi | budi ingkang dumadi | martabat akatdiyattu | nèng gaibul uwiyah | latakyun ing nukat gaib | budi iku minangka warananing Hyang ||

--- 1 : 274 ---

2. Karana iku wus nyata | Wujutolah Datolahi | ing roro-roroning tunggal | manungsa kalawan budi | budi kalamolahi | manungsa angga arasul | singa ingkang ngarannan | ya manungsa iya budi | nora pae kawasa misesèng titah ||

3. Rêbut (n)jêro rêbut (n)jaba | manungsa kalawan budi | lir êmas lawan têmbaga | campur kinothok ing kowi | sirna jênênge kalih | dadya suwasa rannipun | karana iku padha | manungsa kalawan budi | budi iku wujude napsu sakawan ||

4. Napsu sakawan punika | wujuding manungsa yêkti | paesan pamawassira | manungsa marang ing budi | yèn luput anglimputi | budi ing luamah iku | wus tan kêna tinambak | ambêk durbala ngêbêki | puguh nora arêmpit dursila dadya ||

5. Yèn tajêm pamawassira | kêna utamaning budi | budi anglimputti marang | ing mutmainahirèki | nênggih parêk ing Widdhi | awidada manggih ayu | ayu badan tan kêna | iya alaming Hyang Widdhi | samonoa ing ngèlmu durung pasaja ||

6. Milane tansah rinêngga | murih moncèra kang warti | ing iman kang wus istijab | ing gunêm piningit-pingit | kurmat paedah taklim | ing ngèlmu supayanipun | lêpas ing panggraita | undhaking budi kang dadi | tansah mukawahdat takabul mumulang ||

7. Ing kaol walahualam | mangsuli carita malih | risang Raja Mutmainah | sasirnane balanèki | pratignya pasanggiri | yèn manungsa kudu ayu | muga kinuwatêna | nadhahi mungsuh salangit | yèn manungsa kudu ginawe cilaka ||

8. Tan wandea kalah aprang | tan kawawa nêmbadani | kang pinasthi kudu swarga | manungsa tajêm ing budi | kang angsal rahmat jati | pasthi kuwawa amungsuh | tan etang lara pêjah | wong mati mumpung ngaurip | nora kêna wus pinasthi duk samana ||

9. Gusti gawe untung ala | tinimbang lan untung bêcik | kang pundi pamilihira | ewasamana wus pasthi | ingkang mênang ing jurit | lan kang asor ing prang pupuh | iku kagunganning Hyang | ganjaraning manungsèki | darma bae mangsa bodhoa manungsa ||

--- 1 : 275 ---

10. Ya ta wau tinarima | dongane maring Hyang Widdhi | kuwata sira ayuda | aja sira wêdi mati | rosaa sira jurit | têtêp sira dadi ratu | ratuning Raja Imam | kuwat sajatining jurit | Raja Mutmainah aglis magut yuda ||

11. Angrasuk busana mulya | rasukan Utamèng-ngèlmi | dhêsthare Sarak-sarengat | paningsêt Ênênging puji | dhuwung Sêmpana-sidik | awaos Takbir-ikramu | anyamping Pracayèngrat | lancingan Tapakur kapti | atarumpah Andoning-cêrêmin paesan ||Lebih satu suku kata: atarumpah Andoning cermin paesan.

12. Anitih turangga napas | anpas tan-napas nupusse | camêthine Tingal tunggal | kuda ran pun Eling-eling | kêndhali Iman-tokid | rukun Islam apussipun | larappipun Makripat | kakapa Kakekat-jati | ambênipun têtêp Pikukuhing iman ||

13. Sang Sri Raja Mutmainah | angamuk lawan camêthi | asusumbar adipaka | mangsut cêngêng tan kuwatir | amungsuh pirang kêthi | winatangi tan na mundur | binyukan pirang yuta | tan na tolèh lara pati | pirang bara ing têmbe nêmu kamulyan ||

14. Patitis panggitikira | ing Camêthinira pasthi | balane Raja Luamah | mati sirna cinamêthi | Patih Mangkubilai | Ujubriya-kibir lampus | Syumungah lan Kiyanat | Sungkan Doyan-jail mati | mundur sila pun Bêrung-(m)brêgundung pêjah ||

15. Sadaya syuh sirna gêmpang | tan ana kari sawiji | anglela Raja Luamah | sasirnane balanèki | ngling marang ari kalih | lah kapriye digdayamu | matur Raja Amarah | Raja Supiyah tanapi | yèn suwawi ing prang kinarubut tiga ||

16. Wus rêmbug ponang bicara | dandan siyaga ing jurit | arasukan Kamandaka | dhêstharira Karam-najis | paningsêt Ora-eling | anyamping Maido-kukum | lancingan Sia-sia | atarumpah tanpangèlmitanpa ngèlmi. | waos Dorawêca dhuwunge Jarumman ||

17. Sarwi anitih turangga | kuda ulês gêsêng-ati | arannipun Paracidra | kêndhali Êmoh-ing-bêcik | apus Paksalumuwih | apus gulu ngabul-abul | apus buntute Mursal | akêkapa Tinggalbêkti | sanggawêdhi Drêngki-ambêg-salah-tampa ||

--- 1 : 276 ---

18. Camêthine Doyan-ujar | larap Kumingsun sumugih | tindakira salèwèngan | susumbar lali ing Widdhi | mara sarwi nudingi | sarta ngêbuk wêtêngipun | ngucap ingsun kuwasa | wignya anggawe bilai | ingsun uga wong (m)balasar gawe ala ||

19. Pan sampun ayun-ayunan | aprang pan sami narpati | rame dènnya bandayuda | ing yuda kinrubut katri | ing ngarsa kanan kering | Mutmainah pinrih bingung | -nging raja katiganya | [...] |Kurang satu suku kata: Mutmainah pan sayêkti [sumber: koleksi Jurusan Sastra Daerah UNS]. nora ulap ing prang kinaribut tiga ||

20. Sang Sri Raja Mutmainah | tinumbakan wanti-wanti | ginoco cinamêthènan | nora kêna dènsêlani | sarta tinitir titir | Raja Mutmainah ambruk | lawan turangganira | klèsèdan tan bisa tangi | nanging taksih tuwajuh ing tekadira ||

21. Sinosog-sosog tan pêgat | sarwi alok-alok mati | saiki babarmu pisan | lah mangsa bisaa urip | mara budia aglis | raja Mutmainah muwus | èh mara tutugêna | sagêndhingmu aywa kari | ingsun ora awêdi lara lan pêjah ||

22. Sang Mutmainah sakala | pratignya sajroning galih | tinêdha pratandhanira | yèn manungsa kudu bêcik | muga kuwatna jurit | bisaa amalês ukum | ambirat ing luamah | Amarah Supiyah dening | nulya antuk kramat sigra ingayatan ||

23. Patitis pamukulira | sang Luamah cinamêthi | lêrês pipilinganira | tumèmplêg tiba anjungkir | Sang Amarah nulungi | cinamêthi pasunipun | anjungkêl tibèng kisma | Raja Supiyah nulungi | cinamêthi mukanya nulya aniba ||

24. Sinosog anèng pratala | klèsèdan Sang Raja katri | kalêmpêr sadangunira | nora bisa muna-muni | dangu nulya ngalilir | Raja Mutmainah muwus | èh paran karêpira | apa sira (n)jaluk mati | yèn (n)jaluka mati sun patèni sira ||

25. Sang raja katri turira | sakarsa paduka dadi | ginêsangan pinêjahan | yèn kênginga nêdha urip | mèsêm Sang Raja Sukci | eman têmên piyangkuhmu | dene nora sêmbada | saemu anjaluk urip | sigra cinamêthi malih sirahira ||

26. Raja Luamah Amarah | Supiyah samya ngêmasi | jisimme agilang-gilang | wadya sagotra sri katri | sasampunnira nuli | sang

--- 1 : 277 ---

Raja Mutmainahu | arsa ambêdhah kutha | andhudhah kadhaton katri | puranira tinon kalangkung santosa ||

27. Kuthane Raja Luamah | pagêr capurinya wêsi | kuthane Raja Amarah | capurinya têmbaga brit | kuthane Supiyahi | capurinira parunggu | sang Raja Mutmainah | manjing gapuraning puri | nèng langênning rakite ing purasmara ||

77. Asmaradana

1. Kocapa kang anèng puri | para garwa para putra | anangis umyung swarane | para èstri ing jro pura | nangis kalara-lara | langkung sêdhih manahipun | tan wande dadi boyongan ||

2. Para èstri sadaya (n)jrit | kakalih para punika | sampun dadya sakadhaton | anèng pura Atipuat | kuthane sang Amarah | binoyongan dadi satu | lir ulam munggwèng rampadan ||

3. Kakalih putra yu luwih | putrane raja Luamah | raja Amarah nuline | kalangkung ayu utama | cahya pindha sasangka | pan nênggih ing namanipun | sang rêtna yu Salasiyah ||

4. Kang anèm Dèwi Rifangi | sasedane ramanira | kalangkung susah manahe | karuna amêtêg jaja | sasambat amlasarsa | adhuh rama milu lampus | sapa kang sunsêmbah-sêmbah ||

5. Tan antara nulya prapti | wau raja Mutmainah | lumêbêt ing jro kadhaton | ningali parèstri samya | karuna anèng pura | swarane tangis gumuruh | asasambat rajanira ||

6. Apapanggih putri kalih | karone samya karuna | Raja Sukci ngandikane | mênênga (ng)gonmu karuna | eman balut kang netra | manawi êrêg swaramu | lan lungsête cahyanira ||

7. Lah tujunên tingalmami | aywa gung adrês udrasa | babo mênênga karone | kang pindha sasangka maya | sang rêtna yu kalihnya | amêdhar tingal andulu | yèn ana satriyatama ||

8. Bagus kang cahya nêlahi | paguting liring kumêsar | kasoran sirna karone | karunanira rinantan | rêntêng micarèng nala | nalikane baya iku | ingkang matèni (n)jêng rama ||

--- 1 : 278 ---

9. Dèwi Rifangi jinawil | mring sang rêtna Salasiyah | ayo mundur dudu padon | nadyan ingsun dadi tawan | mangsa kêna ginampang | sang rêtnayu aris mundur | lir wulan purnama linggar ||

10. Cumêngkling atawan tangis | amung kang sinambat-sambat | ramanira kang wus layon | nulya Raja Mutmainah | andulu mring sang rêtna | tinutwuri lampahipun | minanis-manis ing sabda ||

11. Kèndêla ratuning puji | dhuh kusumaning nugraha | angêmot ing rahmat kabèh | tulungên wardayanira | yèn wus karsaning Suksma | ginanjar rêngu lan ayu | paran (ng)gonira sumanggah ||

12. Mulane sun tohi pati | ambeyani musthikèng dyah | yen luput sok-soka layon | baya wus karsaning Suksma | kusuma lawan ingwang | campuring rahmat lan wahyu | patêmon anèng idayat ||

13. Kèndêl tangise sang dèwi | wasana alon ngandika | sarwi amapan lungguhe | hèh sang Raja Mutmainah | sampun (ng)gagampang tingkah | sanadyan ing raganingsun | dadya tawan boboyongan ||

14. Nanging wus sunpupus pasthi | wit wontên panjaluk kula | dhatêng andika sang katong | yèn nanggupi karêpingwang | gêlêm kinarya garwa | nadyan ginaweyaginawea. mangwuh | amacèthi boboyongan ||

15. Yèn ora ingsun tan apti | angling Raja Mutmainah | mundhut apa mirahingong | yêkti suntêkani sira | sabarang karêpira | sang rêtnayu lon umatur | dene panêdha kawula ||

16. Uripêna rama mami | uripa katiga pisan | rama ingkang sami layon | kawula ngalap pratandha | yèn sayêkti kuwasa | nguripakên kang wus lampus | nyata wus badan nugraha ||

17. Sang Raja Mutmainahi | miyarsa pundhutaning dyah | sang nata èmêng driyane | wêkasan alon ngandika | kapriye mirahingwang | wus lakune prajurit gung | mati nglabuhi nagara ||

18. Pan wus karsaning Hyang Widdhi | kapindhone yèn uripa | ramanira kang wus layon | angrêbda ngrusak agama | adrêmba murka hawa | sang dyah karone ris muwus | ya durung bisa masesa ||

--- 1 : 279 ---

19. Kaping kalihipun ugi | yèn rama kula palastra | rusak kabèh jagad kiye | paduka duraka ing Hyang | yèn tan dènuripêna | kalih kawula tan ayun | tinawan kinarya garwa ||

20. Raja Mutmainah angling | ewamangkono mas mirah | iya tan kawasa ingong | yèn ana sihing Pangeran | darma dadi jalaran | yèn kalilan ing Hyang Agung | sunuripne ramanira ||

21. Payo pinaranan aglis | padha sira sêksènana | ing ramanira uripe | nulya pinaranan panggya | bangkene sri katiga | tinangisan ing dyah ayu | nulya Raja Mutmainah ||

22. Ananêdha ing Hyang Widdhi | muga-muga ginampangna | kang mati uripa manèh | tinarima kajatira | sang Raja Mutmainah | anyipta angin lan kukus | anginipun Kayatollah ||

23. Kukus kukussing rijêki | tinêkan saciptanira | ing kukus sêga srêbêtte | lagya granane sumringah | lan angête watara | nulya krêntêg kêpyur-kêpyur | nulya ngarêjêt apolah ||

24. Kang mati wus urip malih | ya sang Raja Aluamah | Amarah Supiyah dene | wus samya tata alênggah | nèng ngarsane sang nata | sang Mutmainah lon muwus | mring raja katiga pisan ||

25. Hèh Aluamah sirèki | Amarah lawan Supiyah | saiki wus urip manèh | apa sira maksih murtat | apa ta iya nutta | Raja Luamah umatur | kawula datan lênggana ||

26. Sumangga karsaning gusti | kinarsakna sakit pêjah | badan kawula sumaos | tan darbe karsa sajuga | sang Raja Mutmainah | ngandika yèn sira uwus | amung srah sakarêpingwang ||

27. Anutta sakarsamami | sunkunjara bae sira | anèng nagaramu dhewe | sun uluri pangannira | nora sunwèhi luwar | sunkungkung salaminipun | sunbalênggu gulunira ||

28. Nulya tinrappakên aglis | sang Luamah kinunjara | Amarah Supiyah dene | sigra putri kalih pisan | binoyong bayaring prang | binêkta mring nagrinipun | abungah marwatasuta ||

29. Kaol satêngahing Kadis | amal kang patang prakara | dhingin wong kang bêtah mêlèk | kapindho kang bêtah tapa | acêgah mangan murka | amal kaping tiganipun | ingkang bêtah sabar lila ||

--- 1 : 280 ---

30. Apan sing sakawan nênggih | kang bêtah muruk ngèlmika | tingkah têrus ing ngèlmune | yèku manungsa ngalamat | kang bisa amasesa | ngungguwungngunguwung. ngunjara nêpsu | yêktyantuk gêng-gênging rahmat ||

31. Samono bae kang warti | tan cinatur panggihira | jalu lan èstri têmune | saru dhapuring carita | lawan lagu prênèsan | amumudhar tyas tawakul | kang bisa amêngku iman ||

32. Rara tamat caritaning | kanang Kadis Markum Baslam | Rancangkapti lon ature | nyuwun pangèstu paduka | sagêd anglampahana | kadi (n)jêng ibu pukulun | tan nambut silaning krama ||

33. Ewuh aya wong alaki | tangèh dhatêng Mutmainah | sang wiku lon ngandikane | sira nini tan kalilan | lamun kayaa ingwang | ing têmbe sira anambut | silaning krama utama ||

34. Mungguh ganjaraning Widdhi | mring kang nambut palakrama | ingkang nêtêpi patrape | laku-lakuning wanudya | ingkang winêngku priya | sayêktine tikêl pitu | tinimbang lan kang tan krama ||

35. Priye kono Jayèngsari | mungguh ing pamikirira | apa ta iya mangkono | Rahadyan matur manêmbah | lêrês kang pangandika | dwijèstri mawas sang bagus | ngandika jroning wardaya ||

36. Wong iki dhasare sukci | lantip pasanging graita | pasaja têtêg asarèh | cacaloning aoliya | jatmikane katara | marang ing kadunyan tambuh | anduduk maring makripat ||

78. MêgatruhNama pupuh asli: Dudukwuluh/Mêgatruh.

1. Wasana ngling nikèn wiku sira kulup | lan arinta Rancangkapti | banjurêna ing lakumu | mring plabuhan Banyuwangi | nêtêpana ingkang pakon ||

2. Nora pisan-pisan lamun ingsun nundhung | dadya anjrak anèng ngriki | bangêt suka-rênèng kalbu | satuhune ingsun asih | marang sira sakaroron ||

--- 1 : 281 ---

3. Nanging bakal munggêl lalakonmu kulup | kêbanjur datan kêpanggih | lawan ingkang sira ruruh | mula lakunira kalih | sunsusuwun ing Hyang Manon ||

4. Salamêta kalampahana sêdyamu | rinêksaa ing Hyang Widdhi | sakaliyan nêmbah matur | dhawuh timbalan sang yogi | saklangkung panuwuningong ||

5. Kalilana ing samangkya ulun mundur | lajêng dhatêng Toyawangi | tan lyan pangèstu pukulun | pandhita rara nganthuki | kalih nguswa suku gupoh ||

6. Sakaliyan mastakanya dènlus-êlus | poma aywa na kuwatir | rina wêngi ingsun jangkung | wus lèngsèr ari kinanthi | Ki Buras umajêng gupoh ||

7. Kalilana kadibale gadhah atur | nyuwun pangèstu basuki | kalawan anyuwun sangu | ingkang botên kenging ênting | ingkang cumbu wangsul kanthong ||

8. Wiku rara gumujêng ngandikanipun | anèh panjalukmu iki | pamikirku têka ewuh | kang sangu tan kêna ênting | nuwun cêblèke kemawon ||

9. Sanès ngèlmu inggih sangu arta lugu | sang wiku lajêng maringi | iki tampanana gupuh | mung rong gobog datan luwih | Buras (n)jêkutrut malerok ||

10. Saya suka sang wiku ngandikanipun | mungguh gobog loro iki | kok (ng)go jajan sasayahmu | kanthongamu mêsthi isih | gobog loro nora kalong ||

11. Gurawalan nèng asta nulya rinêbut | Buras mundur tanpa pamit | mung gumrêmêng sêlak kantun | prapta wingkinge sang putri | nolèh angandika alon ||

12. Buras dene nganti suwe nora nusul | inggih kantun sawatawis | yêktosipun mila dangu | kula nyunyuwun sang yogi | sangu pinaring rong gobog ||

13. Mangke bilih sampun dumugi ing warung | paduka kula pamèri | mangunahe gobog luhung | sapunika botên kenging | mindhak ngabar tanpa dados ||

--- 1 : 282 ---

14. Iya Buras mêngko tutura maringsun | wau ta lampahirèki | saking ing arga tumurun | Jayèngsari Rancangkapti | laminya tan winiraos ||

15. Sampun prapta talatahe Toyaarum | ngambah wana agung wêrit | anèng pasisiring laut | supitanning pulo Bali | Ki Buras kalangkung ngorong ||

16. Angupaya toya tawa wus pikantuk | sumbêr agung langkung wêning | cakêt sela agung-agung | tumpukan saking ing wukir | Buras tuwuk ngombe ngokop ||

17. Tandya wangsul umatur bandaranipun | wontên toya tawa wêning | mêdal sêlaning kang watu | tumpukan saking ing wukir | sangandhaping gurda ayom ||

18. Payo kakang aku sumuk arêp adus | lajêng lampahira prapti | sêndhang gya siram sang ayu | wusnya siram ngaring-aring | nèng ngandhapping gurda ayom ||

19. Ana janma tumurun saking parau | ngupaya mina jaladri | maring sêndhang nyangking buyung | sawussira ngambil warih | kagyat anon kang wiranom ||

20. Ki Pandaya alon wau aturipun | dhuh sang katêmbe kaèksi | mugi sampun dangu-dangu | rèrèh wontên sêndhang ngriki | pangampiran tiyang awon ||

21. Bajaglaut aru-biru karyanipun | rahadyan ngandika manis | bangêt panarimaningsun | kisanak asung pêpeling | rahayune kang lalakon ||

22. Buras gugup pandirangan asru matur | sumangga amentar aglis | laju linggar kalihipun | sang dyah lumampah ing ngarsi | anon tapaking kang gogor ||

23. Kakang iki tapak apa dene agung | dhapure lir tapak kucing | yayi tapak macan iku | êndi macane tan kèksi | yayi wus umpêtan adoh ||

24. Lampahira lajêng praptèng Toyaarum | karênan miyat arjaning | karajan myang dhusun dhukuh | sumbêr sêndhang umbul alit | tan petungan wenya nyarong ||

--- 1 : 283 ---

25. Larèn alit binatur ing sela pingul | angrêmbaka taru rêsmi | ayom samya subur-subur | saking saene kang siti | kawuryan têntrêm sakèh wong ||

26. Arjaning kang praja kalanirèng dalu | tan ana kang tutup kori | aglar rajakayanipun | nora nana dènkandhangi | tan ana wong sêdya nyolong ||

27. Banyuwangi pinuju pasarannipun | lagya tumawon kang wanci | kumandhangira kumruwuk | sakaliyan nulya manjing | raryan sorring kamal ayom ||

28. Buras tanggap ngrampêt dènnira tutuku | gobog kalih wira-wiri | binêktèng ngarsa sang ayu | ngirid tyang wade wi lêgi | kalawan jagung ginodhog ||

29. Ngrogoh kanthong gobog kakalih jinupuk | pinirsakkên mring sang putri | nulya tinumbaskên gupuh | wi lêgi saêndhas maling | nulya malih ngrogoh kanthong ||

30. Maksih wutuh kalih tinumbaskên jagung | sinukanan rolas iji | Buras latah namplèk pupu | ngêlungkên rong gobog malih | tampa jagung pat-blas ontong ||

31. Mèh saasta panjange jajanggêlipun | sêmbada bêntêt kang isi | sakêmlaka gênging jagung | kumupat gurih tur manis | alus tipis kang kalobot ||

32. Sang dyah (n)dangu Ras apa isih gobogmu | rinogoh kanthongan maksih | arta gobog kalih wutuh | têmên dhawuhe dyah rêsi | gobog datan kêna kalong ||

33. Saking pêkên lampahira laju ngidul | wanci rarya samya (ng)giring | praptanya ing Nglicin dhusun | ing pucaking arga Ijèn | sênênging tyas sakaroron ||

34. Myat laut ing karajan dhusun lan dhukuh | myang laut supittan Bali | baita kang samya labuh | pulo lan ardi ing Bali | lawan Laut Kidul katon ||

35. Ardi Banyuwangi katingal sadarum | wèh sênêng kang nêmbe uning | cêtha kang samya kadulu | Hyang Rawi tumamèng wukir | wulan purnama gumantos ||

--- 1 : 284 ---

36. Anyunari isining jagad sawêgung | enggar tyasira kakalih | dadya tan sipêng ing dhusun | saratri tan ana guling | wanci sata samya pêtok ||

37. Pangkat saking Nglicin andarung mangidul | eca kang samya lumaris | marga kayoman ing taru | rapêt padhanging Hyang Rawi | tan ana ingkang tumlorong ||

38. Kalèn wêning mili angapit dêlanggung | sinalisir sela langking | nahên lampahira rawuh | ing candhi Selacêndhani | gagandhengan asri tinon ||

79. Kinanthi

1. Radyan myang ari sang ayu | kèndêl sorring nagasari | Buras ngaturakên boga | wus samya dhahar sakêdhik | sêngsêm mulat candhi pêthak | ingukir kinêmbang rêmit ||

2. Sang dyah matur mring sang bagus | kakang iku apa candhi | dene warnane kok pêthak | kang di-(ng)go watu cêndhani | iya candhi iki rara | nanging lagi tumon iki ||

3. Ana candhi watu pingul | wangun bagus angrêrêmit | sapa baya kang atilas | patute yasan narpati | kèndêl dènnya raraosan | ana janma sêpuh prapti ||

4. Pêthak mêmplak ingkang rambut | têkèng githok akalimis | brêngos gathuk imba pêthak | brewok agung têpung putih | sarira anggalês krêsna | cawêtan mawi kulambi ||

5. Sarigak amundhuk-mundhuk | kadya sata amèmèti | nyakêti kang samya lênggah | makidhupuh praptèng ngarsi | amung silanira tumpang | umatur marang sang pêkik ||

6. Kula nama Menakluhung | kang minangka jurukunci | ing candhi pêthak punika | rawuh paduka ing ngriki | atur basuki pambagya | sintên sinambating kang sih ||

7. Kaki atanya maringsun | akakasih Jayèngsari | niki aringong wanudya | aran Nikèn Rancangkapti | Buras nambung kula Buras | kang abdi bandara kalih ||

--- 1 : 285 ---

8. Ki Menak-malih umatur | punapi arsa nênêpi | punapa mung ayun pirsa | radyan amangsuli angling | ulun amung yun uninga | kacaryan myat candhi putih ||

9. Umatur Ki Menakluhung | cariyossipun ing nguni | jaman kraton Majalêngka | ingriki klêbêt cêpuri | kadhaton ing Balambangan | ingkang jumênêng Narpati ||

10. Menakjingga sang aprabu | inggih Prabu Urubisma | ingkang (n)darbèni wasiyat | wêsi kuning dhapur bindhi | ampuhe kagila-gila | singa katiban babar ji ||

11. Nir daya kang têguh timbul | katiban ing wêsi kuning | dene candhi sela pêthak | punika panêpènnèki | sang aprabu Urubisma | wasta candhi Macanputih ||

12. Suwawi yèn badhe ayun | uninga amba kang ngirid | katiga wus samya linggar | saking soring nagasari | angubêngi candhi pêthak | tapis dènnira ningali ||

13. AgcaryambêgAscaryambêg. sang abagus | myat papan jêmbar waradin | myang lohing kang palêmahan | Menak matur duk rumiyin | arjaning praja babasan | loh jinawi pasir wukir ||

14. Gêmah ripah panjang punjung | nagri ngungkurrakên wukir | ngajêngakên palabuhan | kanan bandar kering sabin | toya wêning langkung kathah | tan karya sangsayèng nagri ||

15. Katêlah samangkenipun | wontên babasan sring-asring | lumintu para nangkoda | samya kampir dhatêng ngriki | mondhok padhêkahaningwang | malah ing samangke taksih ||

16. Kang wontên ing wisma ulun | mandhap saking nagri Bali | nangkoda ing Pangangsalan | nama Kiyai Hartati | wawi yèn parêng ing karsa | sarju kampir wisma mami ||

17. Karasèng tyas sang abagus | dhawuhing sang maha yêkti | Sèh Wadat ing Argapura | parmaning Hyang baya iki | kang angukup raganingwang | wasana ngandika aris ||

18. Kaki kalangkung panuju | Ki Menak sukanya ngênting | umatur suwawi linggar | sadayanya sampun kerit | dupi wus prapta ing wisma | Ki Menak bebeja maring ||

--- 1 : 286 ---

19. Ki Hartati nangkoda gung | yayi kula (m)bêkta tami | jalu Jayèngsari nama | lawan arinya pawèstri | Nikèn Rancangkapti aran | kalangkung kawêlasasih ||

20. Lah punika ingkang lungguh | anèng sajawining panti | Ki Hartati duk umiyat | marang raja putra-putri | wênês sênênning kang cahya | tangèh bèbèling ngacêplik ||

21. Martrênyuh tyas arawat luh | asêrêt wijiling angling | anggèr di kaparèng ngarsa | lungguha cakêt lan mami | sakaliyan wus alênggah | cakêt lawan Ki Hartati ||

22. Gya umatur mring sang bagus | pamintèngong ingkang mugi | aywa dadi ing tyassira | (ng)gonmanira(ng)gon manira. nora krami | awit ing pangrêngkuh-ingwang | wus kadya suta pribadi ||

23. Ingsun boya darbe sunu | ing jroning tyas sun prihatin | mangka wus anyingkir mangsa | nyai wus tan (ng)garapsari | paran marganira bisa | samya andarbeya siwi ||

24. Kamurahanning Hyang Agung | mau bêngi ingsun ngipi | antuk dhara lan jagowan | banjur ingsun-gawa mulih | maring nagri Pakalongan | lêstari pangingumami ||

25. Narik ing kamulyan agung | babasane ngrêjêkèni | satanginingsun anendra | datan bisa guling maning | katongton ing jro supêna | paran wahananirèki ||

26. Ing sapraptanira kulup | yêkti wahananing ngipi | punapinggih makatênna | ki raka kadi punapi | wahananing kang supêna | Menakluhung lingira ris ||

27. Yayi supêna puniku | wahananira kêpanggih | èngêt-ulun kawan pangkat | ingkang sapisan kapanggih | nênggih saking pipiridan | ping kalih kêpanggih saking ||

28. Tuturutan katrinipun | apan ta kêpanggih saking | ing wawangsulan punika | kaping sakawan kapanggih | nênggih saking pasêmonan | dene ta ingkang kêpanggih ||

29. Saking piridan puniku | kadi ta supêna uning | ing urubing kang dahana | wahananipun aruntik | latu dadya pipiridan | ing duka sasaminèki ||

--- 1 : 287 ---

30. Wahananing supênèku | pan ingkang kêpanggih saking | tuturutan upaminya | tiyang asupêna ngising | pinanggih ing wahananya | dadya kelangan sayêkti ||

31. Karana ing pisahipun | susukêr punika dadi | tuturutannipun ical | wahananing supênèki | panggih saking wawangsulan | kadi ta supêna manggih ||

32. Sungkawa wahananipun | amanggih suka sayêkti | karana sungkawa ing tyas | wangsulannya sukèng ngati | wahanane kang supêna | dadya pasêmon puniki ||

33. Ngipi rêbah wismanipun | pinanggih wahananèki | dadya kapêjahan somah | sasaminira puniki | mênggah ipèn ingkang dadya | pasêmone supênaning ||

34. Tyang walaka têgêssipun | janma kang tan nandhang sakit | miwah tan ngêmu sungkawa | supêna kang wahananing | pinanggih dadya wangsulan | tyang sayah supênanèki ||

35. Ipèn kang wahananipun | dadya tuturutan yêkti | supênaning janma roga | ipèn kang wahananèki | apan dadya pipiridan | supênaning tyang prihatin ||

36. Yayi supênanirèku | wahana sungkawèng galih | dènnira tan asusuta | asru miminta ing Widdhi | dumadya supênanira | angsal dhere sawung adi ||

37. Ing wasananipun antuk | atmaja jalu lan èstri | Ki Hartati duk miyarsa | suka amarwata siwi | manis wijilling wacana | kulup lan arinirèki ||

38. Yêkti ingsun ambil sunu | ing dunya praptaning ngakir | tak gawa mring Pakalongan | yèn ingsun tumêkèng lalis | samuwaning rajabrana | sira karo kang (n)darbèni ||

39. Sinaksènna ing Hyang Agung | lawan (n)Jêng Nabi sinêlir | sakarone sutaningwang | aywa padha ana krami | katon rumakêt mring bapa | mangkana dhuh Jayèngsari ||

40. Lêjaring tyas suka sukur | aturnya nyênyês mrakati | dhuh rama wong tuwaningwang | ulun lan putranta yayi | atur prasêtya prasaja | ing lair têrussing ngati ||

--- 1 : 288 ---

41. Nganggêp sudarma satulus | ing dunya praptaning ngakir | sakarsanta aywa wangwang | pangrèhira marang mami | aywa kang tumêkèng lara | tan tambuh prapta ing pati ||

80. Gambuh

1. Ki Hartati gya gupuh | ngrangkul gapyuk marang kalihipun | sarwi angling sing ora-ora kawijil | dhuh babo jantung-atiku | pasiyane Hyang sayêktos ||

2. Tan wus lamun kawuwus | kang sih-sinihan kalawan sunu | radyan matur mring Menakluhung kiyai | uwa bab supêna wau | paran pardikane reko ||

3. Ingkang kawasitèku | kalih ingkang kacakrabawèku | kaping tiga anênggih kadaradasih | kadarsana kaping catur | (ng)guguk wangsulannira lon ||

4. Ipèn papat prakarèku | nora kêna pinardika iku | kaya dene ipèn kang kawasitèki | têgêse apan katayuh | iku ipènne kang uwong ||

5. Antuk wangsit satuhu | upamane janma nuju tunggu | uwong lara sing tunggu turu angipi | iku tambanana anu | linaksanan waras yêktos ||

6. Pan wangsiting Hyang tuhu | ipèn kang kacakrabawa iku | kacipta ing wicara duk durung guling | kang rarasan barêng turu | supênanira pan cocok ||

7. Lawan rarasanipun | nalikane mêlèk durung turu | ipène kang kadaradasih pinardi | têrus lan wahananipun | pama ngipi wruh sotya byor ||

8. Barêng tangine turu | uga wêruh ing sotya byor mau | ipèn ingkang kadarsana têgêsnèki | katulat upaminipun | sadurunge turu wêroh ||

9. Taksaka langkung agung | barêng turu angipi wong iku | wruh taksaka agung sasaminirèki | ipèn pat prakara iku | tan kêna winardènwinêrdèn. yêktos ||

--- 1 : 289 ---

10. Krana wahananipun | ana tingkah ana dadya jumbuh | cuthêl kaki bab ipèn kang dak kawruhi | suka ing sadayanipun | Buras matur sumalonong ||

11. Lir dongèng Andhelumut | mawi maring pêkên tuku kacu | cukacuthêl mak kalakêp tan na maning | bok malih jênge tan ngantuk | kula karêm ngarsa omong ||

12. Mèsêm Ki Menakluhung | kacung Buras dhasar mêncul tutuk | wong wis êntèk apa kang winêdhar malih | lah iki wus wancinipun | prayoga sami lêlêson ||

13. Ambanjêng munggèng salu | Ki Hartati cakêt lan kang sunu | datan guling lawan Radyan Jayèngsari | Ki Hartati tatanya rum | kulup jarwaa sayêktos ||

14. Kang ayoga sirèku | myang sêdyanta ywa kumbi nakingsun | radyan matur purwa madya wasanèki | ginêlarakên sadarum | sarta waspanya drês miyos ||

15. Hartati duk angrungu | prasajane Radyan Jayèngsantun | saya mantêp dènnira angaku siwi | mangkana wus wanci bangun | sakaliyan waktu Suboh ||

16. Ki Menakluhung sampun | asasaji pasugatanipun | dhaharan jang-enjangan wedang kopi |Kurang satu suku kata: dhaharan enjang-enjangan wedang kopi. samapta lumadyèng ngayun | winantu ing sabda alon ||

17. Yayi sawontênnipun | nyumanggakkên sakaparêngipun | Ki Hartati myang atmajanya kakalih | rêsêp bukti samya kêmbul | wus dumugi Buras nglorot ||

18. Ki Hartati lingnya rum | dhuh kiraka ulun sangêt nuwun | marganing kang antuk kanugrahan Widdhi | kadugèn osiking kalbu | ingkang anjalari rawoh ||

19. Saking kiraka tuhu | pan rumaos tan sagêd rinipun | amamalês kang timbang raossing ngati | Ki Menak umanggut-manggut | tuhune mung darmi ingong ||

20. Panuju wêkdallipun | kêparênge ing Hyang Maha Luhung | dak badhene si adhi kêsusu mulih | wus wayahe wong kêmaruk | Hartati latah lingnya lon ||

--- 1 : 290 ---

21. Kiraka yêktosipun | (ng)gih makatên bêbêg kêdah mantuk | têka mangke amung panti kang kaèksi | daya-daya praptèng sudhung | kèndêl dagang muhung momong ||

22. Iba ta sukanipun | rayi (n)dika wus aliman ulun | kalilana mancal jong enjing puniki | (ng)gih yayi antuk rahayu | wit mancal praptaning laboh ||

23. Kakalih sutaningsun | ulun asung pamuja rahayu | wus samapta bidhal saking Ragajampi | Menakluhung atut pungkur | ing palabuhan wus anjog ||

24. Ki Hartati pan asung | titilaran mring Ki Menakluhung | baranarta sinjang lêlêmês mawarni | kathahe tan kênèng ngetung | wusnya andum karahayon ||

25. Layar binabar mamprung | antuk angin lampahe kang prau | marmaning Hyang kadi larapping jêmparing | tan winarna laminipun | ana ing laut wus rawoh ||

26. Pakalongan wus rawuh | saking baita tandya tumurun | atmaja dwi kinanthi anganan-ngering | pra lêskar (ng)garubyug pungkur | myang ngerid barang ginotong ||

27. Cingak kang samya (n)dulu | de katêmbèn ki sudagar rawuh | nganthi rarya kakalih sami linêwih | kang jalu bagus jatmika | kang èstri ayu mancorong ||

28. Tanya mring lêskaripun | winangsulan iku ingkang sunu | nyi sudagar swaminya ing Banyuwangi | mangkya ngajal milanipun | kalihe samya binoyong ||

29. Apan ta wus angumum | kang miyarsa pracaya ing kalbu | dupi prapta ing wisma Nyai Hartati | gurawalan dènnya mêthuk | tundhuk radyan sakarongron ||

30. Mangraup suku gapyuk | angabêkti turrira mlasayun | aywa kaduk ing tyas abela panampi | ulun putranta satuhu | Jayèngsari araningong ||

31. Lah iki ariningsun | Rancangkapti sayayah saibu | mijil saking garwa kang nèng Banyuwangi | mangkya ibu uwus surud | milane ulun binoyong ||

--- 1 : 291 ---

32. Nyi Hartati tan muwus | lingak-linguk nanging uwus runtuh | trêsna asih wêlas mring atmaja kalih | Kiyai Hartati (ng)guguk | wusana ngandika alon ||

33. Wis nyai jakên mlêbu | marang panti kakalih anakmu | seje dina bae kowe dak wartani | lalakone atmajamu | sawusira aso gupoh ||

34. Nindakkên gramènnipun | kadya saban Nyi Hartati sampun | jinatènan anane kakalih siwi | uwus ingandhar sadarum | nyai sudagar cumêplong ||

35. Tan seos kadya kakung | dènnya ngrêngkuh mring kakalih sunu | alêstantun tan ana winalangati | nyai kyai saya sêpuh | myang karênan dènnira mong ||

36. Babasannya satuhu | sugih singgih dènnya dagang mantun | sakèh potang tan ana ingkang tinagih | suprandene malah wuwuh | rijêkine ingkang rawoh ||

37. Mêmpêng ngibadahipun | datan towong myang kakalih sunu | tan kêna sah kadya wade dènnya ngêmpit | lininging jinuju wuruk | mrih mungkur pakarti awon ||

81. Pangkur

1. Ki Hartati mêdhar sabda | dhuh sutèngsun sêdhêng sira ngawruhi | witting kabungahan iku | kang dadi pangèsthinya | ing manungsa pitung prakara kèhipun | ingkang sapisan kasuran | wardi kawantêran nênggih ||

2. Amrihira kineringan | wignya saking kasaktèn iku kaki | dene ta kalakonipun | saka acêgah mangan | de dadine saka santosaning kalbu | kang dadi sambekalanya | lamun anjajadha tuwin ||

3. Anganiaya sasama | kapindhone kagunan têgêsnèki | kapintêran pamrihipun | kinêdhèpan sasama | wiwittira saka puruita kulup | dene kalakone saka | têlatèn miwah tabêri ||

--- 1 : 292 ---

4. Kang dadi sambekalanya | yèn sukanan§ Prayoginipun / sungkanan = wêgahan. miwah rusuh ing budi | kabêgjan kang kaping têlu | têgêse kasugihan | pamrihipun kinalulutan puniku | wittira saking (ng)gaota | dene kalakone saking ||

5. Sabar tanapi narima | dumadine saka gêmi nastiti | angati-ati puniku | kang dadi sambekala | lamun lèr-wèh lawan angumpêt puniku | kang kaping pate kabrayan | apan wardèn têgêsnèki ||

6. Sugih putra lawan wayah | pamrih kopèn kinamulenan nênggih | saking ing sih wiwittipun | kalakone pan saka | mêpêt sabda mênggah kadadeyanipun | saking mantra myang sarana | nanging sambekalanèki ||

7. Para sêngitan sumlangan | kaping lima kasinggihan winardi | kaluhuran pamrihipun | kaajèn kinurmatan | witting saka tatèki nastapa iku | kalakone saka puja | kalawan ing pangabêkti ||

8. Dadi saka anorraga | ingkang dadya sambekalanèki | manawa loba ing kalbu | lawan angkaramurka | kaping nênêm kayuswan pan têgêsipun | apanjang ing yuswanira | kinandêlan pamrihnèki ||

9. Witte saka sadubudya | kalakone saka ing wahdat kaki | dadya saka sêtyatuhu | kang dadi sambekala | lamun dora kalawan cidra puniku | kang kaping sapta pungkasan | kawidagdan têgêsnèki ||

10. Kayuwanan pamrihira | kinopaman wittipun saking sukci | klakon saking cêgah nginum | mungguh kadadèyannya | saka paramarta lawan utamèku | kang dadi sambekalanya | manawa alaku nisthip ||

11. Kalawan asugih duka | uwus tamat ingkang pitung prakara | wau ta Dyan Jayèngsantun | karênan ing wardaya | alon matur rama wawarahmu wau | paran bisane katêkan | Ki Hartati malih angling ||

--- 1 : 293 ---

12. Kulup dadine kang cipta | kabèh iku manawa dèn-têmêni | ananing sêdya puniku | manawa ingantêpan | katêkane ing karsanira puniku | lamun têmên linampahan | ana babasannirèki ||

13. Dadi ing saciptanira | apa barang ing sasêdyanirèki | kalakon sakarsanipun | nanging ingkang mangkana | tumrap marang manungsa waskitha putus | ing sasandining dwi-astha | manawa manungsa maksih ||

14. Walaka satuhunira | wêruhipun kalamun dèntêdahi | bisane lamun winuruk | de dadine manawa | ditandangi wau ta Dyan Jayèngsantun | wus tampi ing pasang cipta | kang winêdhar Ki Hartati ||

15. Condhong suka rênaning tyas | amung ngungkih matur marang sudarmi | rama ing sauwusipun | dak lakoni sadaya | kaya paran (ng)goningong ngêtrapkên iku | Ki Hartati angandika | kulup tan kêna samangkin ||

16. Durung pinarêng ing mangsa | radyan minggu asru (ng)gagas ing galih | katungka ing Mahrib waktu | wus samya asêmbahyang | sabakdaning Ngisa nulya dhahar kêmbul | nutug dènnira bujana | sadaya samya wawanting ||

17. Asta rêsik sinarbètan | Nyi Hartati tatanya mring kang siwi | rara apa wus sumurup | arane driji lima | myang karêpe ing sawiji-wijinipun | ibu aku durung wikan | sang dyah gya rinangkul aglis ||

18. Ingarasan wantya-wantya | astanira kang kanan dèncêpêngi | lah èngêta sira masku | mulane ginawanan | driji lima punika ta arannipun | ing sawiji-wijinira | jêjêmpol ingkang rumiyin ||

19. Panuduh kaping kalihnya | kaping tiga panunggul rannirèki | manis ingkang kaping catur | jêjênthik kaping gangsal | kawruhana mungguh sêmune Hyang Agung | wong wadon wus ginawanan | dalil panganggoning èstri ||

20. Iku wajib kinawruhan | karêppe sawiji-wiji dariji | mula binêktan sirèku | jêjêmpol marang ing Hyang | dèn kaya pol ing tyas yèn angarsèng kakung | têgêse pol dènagampang | sabarang karsaning laki ||

--- 1 : 294 ---

21. Mula ginawanan sira | ing panuduh aja akumawani | anikêl tuduhing kakung | sapakon lakonana | pramilane ginawanan kang panunggul | kakungmu unggul-unggulna | miwah kalamun paparing ||

22. Nadyan thithik nora mandra§ Prayoginipun / mantra / = mantra-mantra = sapiroa. | unggulêna guna kayaning laki | marmane sira puniku | jari manis ginawan | dèn-amanis ulat atanapi têmbung | yèn ana karsaning priya | dhoso (m)basêngut ywa nganti ||

23. Ing netya dipun sumringah | nadyan lagi rêngu jro tyasirèki | yèn ana ngarsaning kakung | buwangên ywa katara | marmanira ginawan jêjênthik iku | dipun athak aithikan | yèn ana karsaning laki ||

24. Karêpe athak ithikan | dèntarampil marang sabarang kardi | kalamun ngladosi kakung | dèn-ririh lan dèn-kêbat | aywa kêbat drêg-drêgan grobyagan iku | kêbat narutua nistha | pan rada ngoso ing batin ||

25. Lamun kok èngêti rara | ingsun tanggung wus masthi sira manggih | mulya dunya akiripun | lan aja manah nyimpang | dèn-tumêmên dibandhunga patang puluh | aja gumingsir tyassira | dèn-trus lair têkèng batin ||

26. Rancangkapti duk miyarsa | sampun tampi cinancang pulungati | matur marang renanipun | dhuh ibu pangèstunta | muga-muga pinarêngna ing Hyang Agung | bisa nglakoni kang dadya | karêpe dariji gati ||

27. Luwaran dènnya dhaharan | tan antara nulya amapan guling | wau ta Dyan Jayèngsantun | kalawan risang rêtna | katri Buras wus lami dènnya dudunung | anèng nagri Pakalongan | lumintu Kyai Hartati ||

28. Sung wuwulang mring rahadyan | Nyi Hartati sung wulang Rancangkapti | samya ngêtog kawruhipun | kang nampèni kacêkap | kawarnaa Nyi Hartati gêrah sêpuh | pinarêng lan takdirira | tumêkanira ing jangji ||

--- 1 : 295 ---

29. Sang dyah alara karuna | layonnira kang ibu dènrungkêbi | mlasasih sasambat ibu | sapa kang momong ingwang | dene durung laki têka ibu lampus | sumaput datan panon-rat | Rancangkapti lir ngêmasi ||

30. Gumrah tangis jroning wisma | Ki Hartati amondhong ingkang siwi | mèwèk-mèwèk marêbês luh | dhuh jantung atiningwang | lah emuta babo nyawa ywa kabanjur | papas pupussên tyassira | èngêta yèn wus tinakdir ||

31. Malah sukura ing Suksma | susuwunên kamulyaning kajatin | kang langgêng salaminipun | anakku Jayèngsêkar | aku pasrah mungguh layonne ibumu | wis kono mangsa bodhowabodhoa. | pêtakên mring dhusun Sranggi ||

32. Sang dyah rara wus binêkta | maring wisma pungkur ing tamansari | gya wungu saking ing kantu | anungkêmi kang rama | Ki Hartati tansah (m)barêbêl kang êluh | pêgat-pêgat angandika | wis wungua sira nini ||

33. Rancangkapti wus alênggah | rama sira ywa bali marang panti | èh bocah wadon dèngupuh | maringa patamanan | ngundhuhana kêmbang gambir mlathi mênur | capaka argulo mawar | salong mênyanga ing panti ||

34. Patang gêndul lênga mawar | lawan lênga sêtambul têlung kopi | jêbadan rong cupu agung | we mawar myang hèr jamjam | ngênêm êncèh ratus têlung lodhong agung | kayu garu têlung rêmbat | kabèh wêtokêna aglis ||

35. Aturêna kakangêmas | lan rimongku kang saka ing Ngarabi | kêmbang êmas putih biru | kang têka wingi ika | kaagêmna luruhlurub. bandhosane ibu | banjur tinumpangan sêkar | roroncèn anamman kanthil ||

36. Uga aturna kakangmas | sampun mundur pra dasih kang tinuding | sang rêtna angrujit santun | kang nglayat tan petungan | jêjêl uyêl ambèr tumêka ing lurung | kang layon wus binrêsihan | samêkta rêrênggannèki ||

37. Jayèngsari gya utusan | lah ta Buras matura mring Kiyai | sarèhne iki wus rampung | wus samêkta sadaya | kang inganti

--- 1 : 296 ---

pra sêpuh wus padha rawuh | nyuwun lilah banjur mangkat | Ki Buras umentar aglis ||

38. Panggih matur rèh dinuta | ki sudagar tan angling mung nganthuki | wus matur marang sang luhung | nuwun sampun kalilan | wus umangkat kang dhikiran swara arum | umyung lir manêngkêr wiyat | samarga wuwuh kang ngiring ||

39. Sampun prapta pasareyan | Jayèngsari ingkang mêtak pribadi | paragad pamêtakipun | kang ngiring wus bubaran | sowang-sowang mantuk maring wismanipun | radèn mantuk wus kapanggya | kalawan rama myang ari ||

40. Rancangkapti Jayèngsêkar | myang pra santri jalu kalawan èstri | datan kirang saking satus | ratri pantara siyang | samya darus Kur'an tan na kêndhatipun | praptèng patangpuluh dina | nulya amung sabên ratri ||

41. Èstri pitu jalu sapta | Rangcangkapti wus (n)darus katam kaping | pitu dene Jayèngsantun | wus katam ping sadasa | sampun lêjar kang samya kataman giyuh | Ki Hartati awidada | dènnira mong siwi kalih ||

42. Tulus amukti wibawa | datan kêndhat sêdhêkah dana mintir | maring sasamèng tumuwuh | rupa baranaartabarana arta. | pinapantês ing sapangkat-pangkatipun | janma nagri Pakalongan | warata kadanan sami ||

43. Babasan tan na kliwatan | suprandene dunyane Ki Hartati | nora kalong malah wuwuh | karya eramming kathah | ana ngira yèn saka karamatipun | putra dwi èstri lan priya | kang cahya apindha sasi ||

44. Mintir samya lêng-ulêngan | para tamu myang janma aminta sih | apa ing sakarsanipun | sayêkti sinukanan | saking nagri liyan apan wus misuwur | Ki Hartati ambêg dêrma | asih marang ing sasami ||

45. Anuju ari sajuga | Ki Hartati salira angalêntrih | animbali mring kang sunu | dhuh karo atmajèngwang | bokmanawa wus cakêt lan maotingsun | anon sadhengah wus kêmba | rarasati nikmat êning ||

--- 1 : 297 ---

82. Mijil

1. Pêngetungku Jumngah ngarêp iki | purnama mancorong | pan kabênêr ing sèwu dinane | ibunira bokne Rangcangkapti | radyan awotsari | paran etangipun ||

2. Ki Hartati angandika aris | saking ri duk layon | kaetang nêm pasaran limane | sasinira kaundur kakalih | dene tanggalnèki | lilima kaundur ||

3. Duk gêblage iku amarêngi | ari Akat Êpon | tanggal kaping rong puluh Surane | taun Alip Akat etung siji | Sênèn etung kalih | Slasa etung têlu ||

4. Rêbo papat Kêmis limanèki | Jumungah nêm pantog | de pasaran Pon siji etunge | Wage loro Kaliwone katri | Lêgi papat nênggih | Paing limanipun ||

5. Ping rong puluh awit mundur siji | ping sangalas roro | ping wolulas têtêlu undure | ping pitulas papat undurnèki | jangkêpira kaping | nêmblas lima mundur ||

6. Sasi Sura awit mundur siji | Bêsar jangkêp loro | dadi ana Jumungah Painge | tanggal kaping limalas marêngi | Dulkangidah sasi | Jimawal kang taun ||

7. Nyuruhana mitra ngundang santri | jalu lawan wadon | ywa kuciwa sugatane nikèn | maragatta kêbo sapi kambing | ayam wiwah biri | bèbèk banyak kalkun ||

8. Wedang soklat êtèh lawan kopi | dhaharan sing gamoh | kang mirasa kang kapara akèh | barêkatan prantènana kaki | myang salawat picis | ywa kuciwèng sêmu ||

9. Tur sandika mundur suta kalih | mituhu sapakon | praptèng ari wus samêkta kabèh | bakda Ngisa Kiyai Hartati | pinarak pandhapi | manggihi pra tamu ||

10. Kang mapakkên miwah ngacarani | mrênahkên kang ênggon | Jayèngsari tan ana kèndêlle | jroning wisma Nikèn Rancangkapti | sanggyaning tatami | pinarnahkên sampun ||

--- 1 : 298 ---

11. Santri kaji nangkoda priyayi | apan datan awor | Ki Hartati midêr sung pambage | myang salaman dupi wus waradin | Radèn Jayèngsari | mahyakkên ing parlu ||

12. Têmbung cêtha angrêsêpkên ati | anorraga alon | miminta sih marang sadayane | tamu miwah santri kang miyarsi | rêsêp sukèng ngati | sugata lumintu ||

13. Nulya tapuk sagung para santri | sapêrlune ngaos | kang tan ngaos arame gogotèk | ing jro panti pan mangkono ugi | Nikèn Rangcangkapti | tan na kèndêllipun ||

14. Dènnya (m)bujakrami mring tatami | rahab ing susugoh | lan kakungan ing jawi tan pae | wussing katam kèndêl sawatawis | tapuk sahman dhikir | swaranya gumuruh ||

15. Nglêbêt (n)jawi sarampunging dhikir | ambêngan lumados | dinonganan arêmpêk amine | pragad donga gya bukti dumugi | brêkatan rinakit | piring cangkir kriyuk ||

16. Kètèl mangkok kuwung kêda basi | grêglèk gêlas bokor | kêndhi suru lading myang cukite | dhulang tenong cêthing srêbèt putih | bakakên si lilin | glaran batu alus ||

17. Pakinangannya tunggal miranti | salawat nèng kanthong | nyangang reyal pitu tumurune | gangsal niga maratah nyaringgit | miwah sadayaning | kang nèng ngarsanipun ||

18. Binêktakkên sanggyaning tatami | waradin sakèh wong | suka rêna ing tyassira kabèh | amaratah brêkate wong siji | ngalih bêktan sami | ana (ng)gotong têlu ||

19. Para tamu wus aminta pamit | Hartati lingnya lon | babo ingkang rawuh sadayane | sakalangkung ing panuwun mami | suka rênèng ngati | tan kenging winuwus ||

20. Sampun kirang aksamanta sami | maring raganingong | barêkatan apan prayogine | kaantukna rumiyin mring panti | kaparênga nganti | sakêdhap turulun ||

21. Samya (n)dhêku sanggyaning pra tami | brêkatan wus bodhol | Ki Hartati pamit mring tamune | yun manggihi para tamu èstri | dupi praptèng panti | angsung salam gupuh ||

--- 1 : 299 ---

22. Tatanya ring rara Rancangkapti | para tamu wadon | apa uwus mranti brêkatanne | iya rama wus ginawa mulih | apa saananing | kang lumadyèng ngayun ||

23. Dalah wadhah dak purih (ng)gawani | lawan (n)jawi jumboh | Ki Hartati latah sru sukane | kacondhongan sabarang karsèki | putra wruh ing wangsit | wasana lingnya rum ||

24. Pra rubiyah kang rawuh ing ngriki | sru panuwunningong | mugi sampun kirang aksamane | ngantossana saking sawatawis | wontên pêrlu kêdhik | pra rubiyah (n)dhêku ||

25. Ki Hartati ngambil toyastuti | gya lumêbèng gêdhong | salat kajat dangu antarane | nulya ana cahya anêlahi | sakèh damar lilin | sirna sorottipun ||

26. Samya kagyat sakèh ingkang janmi | Rancangkapti gupoh | manjing gêdhong nêlahi sunarre | marêpêki kang rama pinanggih | wus tumêkèng jangji | puput yuswanipun ||

27. Mujur ngalor munggwèng kanthil sukci | Rancangkapti (m)bêngok | ngadhuh-adhuh nrungkêppi layonne | kawarnaa kang ana ing (n)jawi | sagunging parèstri | bilulungan gugup ||

28. Jayèngsari kagyat mentar aglis | prapta jroning gêdhong | wus têtela kang rama sedane | gya sinambut Nikèn Rancangkapti | pangandika ririh | babo ariningsun ||

29. Dèn narima sukur ing Hyang Widdhi | takdir kang dhumawoh | lah èngêta garissing papasthèn | tanpa pêrlu manggung kok tangissi | balik dèn-miranti | tikêllên lan sibu ||

30. Lêjar ing tyas Rancangkapti mijil | nèng jarambah lunggoh | tur uninga marang tatamune | myang parentah maring para dasih | sampêtting pakarti | sadaya kacukup ||

31. Jayèngsari mêdal tur udani | yèn kang rama layon | samya (n)jêtung (m)barêbêl waspane | para èstri gumrumung anangis | Radyan Jayèngsari | aparentah gupuh ||

32. Amiranti pangkat benjing-enjing | panguburre layon | tan winarna ingkang nambutgawe | para tamu guyup angrencangi | layon binarêsih | rinukti pinatut ||

--- 1 : 300 ---

33. Ingkang dadya pangagênging nagri | Pakalongan rawoh | Jayèngsari nêmbah lon aturre | pangkattipun layon benjing-enjing | ulun lawan ari | tumutur mring kubur ||

34. Nanging lajêng tan wangsul mring nagri | ulun yun dhêdhepok | kang tan têbah lawan astanane | rama ibu wontên dhusun Sranggi | sakawontênanning | kang kantun sadarum ||

35. Dalah papan pemahan myang panti | trussing lair batos | ulun sumangga ing sakarsane | ingkang ngasta pangawasa nagri | sakarsanta dadi | aywa walangkalbu ||

36. Dhuh sanggyaning kang rawuh ing ngriki | mênggah aturingong | sami ngidènnana sadayane | saur paksi tamu jalu èstri | mangkana wus wanci | sêdhêng angkattipun ||

37. Wus rinakit kang samya umiring | angrênggani layon | kèhing janma myang uparênggane | tikêl pitu kalawan duk nyai | sakalir wus mranti | ingangkatkên gupuh ||

38. Kèhing janma ramene kang dhikir | kadya samodra rob | kataman ing prahara gora rèh | gumalêdhêg kang kari anggili | kaponthal nututi | lajêng samya mikul ||

39. Tan winarna lampahirèng margi | ing astana rawoh | sinarèkkên cakêt lan nyaine | paragadding panguburrirèki | kang samya umiring | sadaya wus mantuk ||

40. Kantun para batih kang umiring | marang sakarongron | Jayèngsari alon ngandikane | èh sakèhe abdine kiyai | tan na dakaranni | mantuka rumuhun ||

41. Ngopènnana saananing panti | dene raganingong | patang puluh ari anèng kene | mulyakakên ingkang wus suwargi | poma dèn nastiti | sagung para wadu ||

42. Wussing tampi dhawuhnya sang pêkik | kêbut jalu wadon | samya mantuk marang ing wismane | kawarnaa kang kari prihatin | Radyan Jayèngsari | nèng ngandhapping pocung ||

--- 1 : 301 ---

83. PocungTeks asli: Pucung.

1. Dhuh riningsun payo tumuli lumaku | ngupaya kang dadya | wêcane sang maha yogi | ngêndi baya prênahe ing Sokayasa ||

2. Yèn talendho ing laku mênèk kajujul | mring batih kang padha | trêsna sih ayun umiring | ing sapurug satêmah ngribêddi lampah ||

3. Iya kakang aku (n)dhèrèk sakarsamu | Ki Buras turrira | upaminipun ngêntosi | kula badhe tilêm saking saêleran ||

4. Rancangkapti angandika sakarêpmu | ananging dak tinggal | sira kantunnna pribadi | yèn wus tangi banjur age anusulla ||

5. Buras matur uwis kojur botên èstu | rahadyan wus linggar | saking ing astana Sranggi | ngidul ngetan sumêngka anggraning arga ||

6. Tumurun ing jurang pèrèng siluk-siluk | surupping baskara | kèndêl dènnira lumaris | sipêng anèng dhusun tuwin padhêkahan ||

7. Enjing bangun linajêngkên lampahipun | lêpasing lumampah | tan ana sangsayèng margi | ya ta wau para batih Pakalongan ||

8. Samya nusul marang ing Saranggi dhusun | rahadyan tan ana | atanya mring kanca siti | winangsullan sadangune nèng astana ||

9. Mangkya suwung wikana ing puruggipun | pra dasih sungkawa | bilulungan ngupadosi | alêstantun tan ana ingkang pinanggya ||

10. Sigêg ingkang pra dasih kang wayang-wuyung | wau lampahira | Jayèngsari Rancangkapti | wus angancik sukuning Parau arga ||

11. Amalipir ngambah têpining tlaga (n)dhut | warak kang kapapag | (ng)gêndring marang êmbêl bêlik | saya (n)dêdêr ing lampah langkung rêkasa ||

12. Êbun ingkang nèng godhong pating parêntul | gumêbyar lir sotya | hawa asrêp anglangkungi | kang mahawan sadaya nrêthêk wèl-wèllan ||

--- 1 : 302 ---

13. Buras nyêbut bilah thik adhêm kalangkung | sabarang kaidak | rasane lir ngidak api | kira-kira iki lagi bêdhug awan ||

14. Iba mêngko lamun wanci bangun esuk | kiraku tikêl pat | ah kranjingan adhêm iki | sakirane apa ana wong kang krasan ||

15. Manggon anèng kene raratune (n)jêkut | suprandene (n)dara | sakaliyan tan katawis | ngeca-eca dènnira sami tumindak ||

16. Radyan nolih ywa kok praduli bae wus | adhêm manggon dhawak | Ki Buras wèl-wèlan angling | botên niyat pun adhêm kula ajaka ||

17. Tanpa têmbung gapyuk ngrangkul malbèng usus | tinundhung tan kesah | malah kêkah anggendholi | têpung pisan si adhêm kok banjur trêsna ||

18. Gya tumurun rahadyan ing lampahipun | anon padhêkahan | anèng lambunge kang wukir | angandika payo yayi pinaranan ||

19. Kang garêmbêl ngarêp iki kaya dhukuh | ngupaya patanyan | lampahipun sampun prapti | patêgalan nuju pangagênging dhêkah ||

20. Ngundhuh-undhuh Kenthol Gunawan jujuluk | kagyat duk umiyat | janma tri saking ing ardi | lampahipun ngênêr maring patêgilan ||

21. Ki Gunawan amapagkên sampun tundhuk | aris atatanya | kamipurun nilakrami | nami sêdya miwah kawijilannira ||

22. Jayèngsari amangsuli ngandika rum | kula Jayèngsêkar | sadhèrèkulun pawèstri | Rancangkapti saking nagri Pakalongan ||

23. Sêdyaulun maring Sokayasa dhusun | Gunawan tatanya | sintên ta ingkang sisiwi | kang ayoga ulun Ki Hartati nama ||

24. Kenthol (ng)guguk Ki Hartati mitraningsun | wus lami tan panggya | punapi taksih basuki | nuwun mangke sakaliyan sampun lina ||

25. Kala sugêng wantos-wantos wêlingipun | ing sapungkuringwang | sira lan arinirèki | pruitaa sang pinundhi Sokayasa ||

26. Milanipun sarampungirèng pangubur | tan wangsul mring

--- 1 : 303 ---

wisma | lajêng mentar praptèng ngriki | Ki Gunawan angling kula botên nyana ||

27. Lamun sampun praptèng jangji kalihipun | anak dènnarima | ngèstokkên tuduh sudarmi | bokmanawi ing têmbe manggih kamulyan ||

28. Lamun sarju prayogi kampir wismèngsun | nêntrêmkên sarira | rèh mêntas lalampah têbih | têmbe ulun umiring mring Sokayasa ||

29. Sakaliyan tyassira langkung panuju | wus kerit mring wisma | Gunawan nulya ngundangi | para batih kinèn samêkta sêsêgah ||

30. Wusnya rampung linadossakên mring ngayun | dhuh anak sumangga | kinarya jampi kalantih | sawontênne sugatanipun tyang ngarga ||

31. Tanpa rabi pramilanya langkung kidhung | èh bocah gêdhèkna | totormuthonthormu (dan di tempat lain) = lampu obor. ywa kongsi mati | sakaliyan wus wawanting nulya dhahar ||

32. Wus dumugi linorodkên Buras gupuh | Rangcangkapti lingnya | kakang iki desa ngêndi | lawan ingkang aran totor iku apa ||

33. Ana jroning wisma suda asrêpipun | sapa namanira | ingkang darbe wisma iki | dene ngaku mitrane kang wus suwarga ||

34. Ki Gunawan gumujêng alon lingipun | anak nama kula | Kenthol Gunawan duk maksih | rêmên dagang lan rama (n)dika tan pisah ||

35. Baya sampun tinakdir dera Hyang Agung | ulun tansah tuna | rama (n)dika manggung bathi | kaku ing tyas dhêdhêkah Diyèng punika ||

36. Sêpi samun suprandene manahulun | têntrêm sukawirya | angungkuli kala sugih | sangandhapping panti punika guwanan ||

37. Rintên dalu totor latu datan lampus | mila nèng jro wisma | datan akaraos atis | Buras matur lêrês-lêrês kang timbalan ||

38. Tanpa (n)jêkut ning mêngko nèk mêtu nguyuh | awak rasakêna | mêsthi tis-tis tiba katis | wedang tuwa anom datan krasa panas ||

--- 1 : 304 ---

84. Sinom

1. Ki Gunawan aturrira | ing benjang enjang prayogi | lêledhang supadi enggar | ing tyas kataman prihatin | umiyat candhi-candhi | Diyèng kathah warninipun | talaga Pakarêman | babahan Aswatamèki | sumur gumling myang kawah Candradimuka ||

2. Rancangkapti duk miyarsa | kakang sesuk milu mami | ing dalu datan winarna | nahan wus wanci byar enjing | Hyang Surya andhadhari | sadaya apan wus ngrasuk | busana gya sarapan | pinantês dhaharan enjing | wedang êtèh alalap gêndhis kalapa ||

3. Wus dugi dhahar sarapan | wawi anak mumpung enjing | gya linggar saking ing wisma | Gunawan lumakyèng ngarsi | sacakêtting kang margi | miyat candhi cacah têlu | nèng èrèng-èrèng arga | angongkang ing jurang trêbis | kang satunggal aran candhi Duryudana ||

4. Kalih candhi Dhanyang Druna | katiga candhi Sangkuni | ing lampah wus mancat minggah | praptèng nginggil siti wradin | umiyat candhi-candhi | candhi Arjuna jinujug | ing têngah wontên sela | kumalasa lus pasagi | têngah sela krowok isi toya marta ||

5. Langkung asrêpe kang toya | majêng mangilèn kang candhi | ing ngarsane candhi Sêmar | kidulling Arjuna candhi | Sumbadra langkung adi | ing ngarsa mawa lèng agung | Jayèngsari turrira | puniki êlèng punapi | Ki gunawan alon wijiling wacana ||

6. (ng)Gèr punika winastanan | babahan sang Durnasiwi | inggih Bambang Aswatama | ngalèr ngilèn trusannèki | tumindak ngidul myat ing | candhi Puntadewa Prabu | kakalih candhi ngarsa | kêmbar warni alit-alit | winastanan candhi Nangkula Sadewa ||

7. Kidul candhi Puntadewa | winastan candhi Srikandhi | lajêng dènnira tumindak | ngidul ngilèn sawatawis | umiyat candhi asri | aran candhi Bimasunu | ya candhi Gathutkaca | samya ngilèn ajêngnèki | ngidul malih miyat candhi Wrêkudara ||

8. Inggil tur agêng priyangga | arêspati langkung wingit | pribadya majêng mangetan | salêsih dènnya ningali | tumindak ngidul

--- 1 : 305 ---

malih | myat Tlagawarna rannipun | we lir kuwung wangkawa | pêthak abrit biru kuning | lirap-lirap kalangkung asri kawuryan ||

9. Mawèh sêngsêming wardaya | anglilipur ing prihatin | ri wusnya myat Tlagawarna | miyat talaga Tus nami | toya kalangkung wêning | katandha dhasaring ranu | gya miyat tlaga Kidang | umobing we mawèh giris | nulya wangsul ngalèr ngilèn lampahira ||

10. Umiyat ing candhi Krêsna | sêmu wingit anglangkungi | rêspati kang wawangunan | kêmput tapis dènubêngi | nulya tumindak malih | mangilèn myat trusannipun | babahan Aswatama | kang anjog ngarsaning candhi | sang dyah adi Sumbadra kasêbut ngarsa ||

11. Kawuri candhi babahan | nulya mangetan lumaris | miyat ing tuk Bimalukar | toya manthur langkung wêning | Buras gupuh marani | kapengin raup myang nginum | tangan kalihnya nadhah | dupi kasêntor ing warih | asru (n)jola ngacêcêng tangan kalihnya ||

12. Rancangkapti dahat suka | tatanya Buras thik mringis | (n)jingklak banjur awèl-wèllan | narêthêg umatur ririh | nuwun raose sami | nyas kadya nadhahi latu | we asrêpe kalintang | jimpe tanganulun kalih | nora majat adhême tuk Bimalukar ||

13. Wangsul mangilèn lampahnya | kathah rêca alit-alit | pinarik pinantha-pantha | wiwitan ingkang kaèksi | tan liyan lir wit kopi | amung awis uwohipun | rahadyan minta wikan | Ki Gunawan turrira ris | lah punika kang nama purwakucila ||

14. Wohipun kenging kinarya | panulaking wisa mandi | sarpa lamun kaungkulan | tanpa karkat angalêntrih | kalabang kalajêngking | ulêr ing sasaminipun | [...] |Kurang satu baris: 7a. Buras gupuh angundhuhi | kanthong kalih kêbak woh purwakucila ||

15. Maring arga ambêg wasta | Pakarêman langkung wingit | têngah sela kumalasa | kathah babalunging paksi | radyan tatanya maring | Ki Gunawan ris umatur | punika balung kaga | sadhengah paksi ngungkuli | Pakarêman tamtu pêjah lajêng dhawah ||

16. Ana ing sela punika | wus tamat nulya ningali | ing kawah Candradimuka | luwêng satêngahing ngardi | isi we sulak kuning |

--- 1 : 306 ---

umob lirang gandanipun | tan na kuwasa nyêlak | mawa kukus sawatawis | toya mili nanging kawah datan lukak ||

17. Datan dangu dènnya miyat | lajêng tumurun wus prapti | ing ngèrèng-èrèng sitinya | dèn ambah amêmbêk-mêmbêk§ Miturut pathokaning Macapat, gurulagu ing gatra punika dhawah wulu = / i /, teka punika dhawah pepet = / e /. | gathuk lawan têlagi | akathah maliwissipun | antingan apêpanthan | ana gisiking têlagi | Buras angling apa ta kae antingan ||

18. Ki Gunawan angandika | iya ika êndhog mliwis | nanging ewuh panjupuknya | awit siti tan kuwawi | kalamun dènênciki | amblês êmbuh gadhugipun | Ki Buras miris maras | tumindak aminggring-minggring | lampahira wus tan ngambah siti mêndat ||

19. Miyat sumur Jalatundha | ubênge pinalangan pring | ngaluwêng dhapur kukusan | (n)jawi palang gasik wradin | kathah patilassanning | sêkar konyoh miwah kutug | rahadyan minta wikan | Ki Gunawan turrirèki | sabên malêm Anggara Kasih punika ||

20. Kathah janma kang tirakat | wontên ingkang minta sugih | wontên minta kadrajatan | wontên minta dènkasihi | myang minta darbe siwi | wontên minta têguh timbul | sontên angobong dupa | manawi wus têngah ratri | angglundhungkên timba bumbung binandhulan ||

21. Sela bundêr agêng madya | supadi enggal lampahing | timba prapta (ng)gyanning toya | yèn katrimah sêdyanèki | pangraos sawêk kalih | dhêpa sampun angsal ranu | gya inginum saêkal | [...] |Kurang satu baris: 8i. kenging (m)bêkta lamun kinarya sarana ||

22. Manawi datan katrimah | dalomokipun pawarti | tali ngantos sèwu dhêpa | tinarik tan antuk warih | Ki Buras anyêlaki | nginguk lêbête kang sumur | singunên giris ing tyas | badannya sakojur mrinding | undurrira alon-alon ulat biyas ||

23. Cakêt lawan Jalatundha | wontên toya ingkang mili | saking sapucaking arga | nanging lampahe kang warih | (n)dadak anyimpang têbah | datan lumêbêt ing sumur | mangkana dènnya miyat | ing Diyèng saurutnèki | tan rêkasa ing tyas datan mawi kêmba ||

--- 1 : 307 ---

24. Ki Gunawan aturrira | wus têlas kang dèntingali | prayogi wangsul mring wisma | bilih kadalon nèng ngriki | saèstu tan kuwawi | mindhak-mindhak asrêppipun | radyan matur sumangga | tumurun wus praptèng panti | pasugata tinata tharik samêkta ||

25. Wawi anak lajêng dhahar | rayi paduka kalantih | sahari datan anadhah | sang dyah angandika aris | kasêngsêm umiyat ing | candhi miwah sanèssipun | mawèh rênaning driya | dumadi tan ngrasa ngêlih | Ki Gunawan ngandika Alkamdulillah ||

26. Wus wawanting toya panas | pakantuk dènnira bukti | cinarik sinungkên Buras | tanpa taha dènnya bukti | kasrêtên minta warih | sinungan wedang kumêbul | gya inginum nir rasa | panas asrêp kadi warih | mung gugusi lambe lidhah kraos lidhas ||

27. Radyan matur mring Gunawan | candhi Duryudana tuwin | candhi Druna candhi Suman | candhi Puntadewa aji | candhi Arjuna candhi | Nangkula Sadewanipun | kalawan candhi Bima | tuwin candhi Dwarawati | ngajêngipun wontên sela kumalasa ||

28. Pasagi sinangga ompak | kubêngira pinarigi | bulêt ingukir lung-lungan | têngahing sela waradin | sinêrat sastra rêmit | kadiparan ungêlipun | mèsêm Kyai Gunawan | atur wangsulan mrakati | sastra Buddha ingkang tumrap wontên sela ||

29. Punika apan pèngêtan | pambêkannya kang cinandhi | ngungsêd Radyan Jayèngsêkar | mugi kaparêng ing galih | amêdhar suraossing | sadaya ingkang kasêbut | anèng sela sasanga | nanging tinêmbungna Jawi | inggih anak punika langkung prayoga ||

30. Winarna pambêkannira | sira Prabu Kurupati | puguh sêbarang kinarsan | mituhokkên ing panggalih | adrêng pikir ginêlis | ayo jangjine tumanduk | rikat nanging guguppan | ing atur tan tinaliti | mungkur marang carita mawa surasa ||

31. Ranning ondhe miwah adat | lêlabuhan ala bêcik | tan arsa nguningannana | nurut karsane pribadi | rêmên akarya wiwit | gagrak anyar kang sinarju | lumintu paring dana | ambungahakên wong cilik | nanging ingkang ambyuk angubungi karsa ||

--- 1 : 308 ---

32. Yèn ta mungguh kang mangkana | kaugung kapati-pati | wus datan asubasita | ilang tataning narpati | katon tyas nanging jirih | watak molor nora mulur | yèn mênêng lir gupala | ngumpêt karsa tan ngrapêti | gojag-gajêg uga iya uga ora ||

33. Manawa na turre wanodya |Lebih satu suku kata: Manawa na tur wanodya. ingkang dadya suprih pamrih | anjalari sukawirya | myang (n)drêbalane mas picis | iku rêna kapati | pangarabe nora uwus | yèn durung tibèng karsa | sarwa nora pisan ering | ing sujanma mangun tèki tapabrata ||

34. Malah punika ingaran | wong papa sudra anisthip | awit tan ngubungi karsa | kabungahanning ngaurip | anggêppe ing panggalih | marang Hyang Suksma linubunglinuhung. | sayêkti nora liya | mungguh Bathara linuwih | tanpa rupa muhung jatine priyangga ||

35. Krana kawasèng kaanan | tanpa cêgah tanpa sirik | milih sakèhing gumêlar | ingkang purbamisesani | têtêp karsaning Widdhi | sida dumadi tan lêbur | tamat pambêkannira | sang aprabu Kurupati | gantya Arya Sangkuni patih Ngastina ||

36. Watêkannipun kinandha | pradulèn ngaruh-aruhi | nora kêna wong kumlebat | thik-ithik dipun waoni | gawe sêriking ati | sikon saronne lumintu | tingkah solahing liyan | mung tansah dipun owahi | nora nana sawiji kang kabênêran ||

37. Pasthi tumiba ing lêpat | yèn nana ngarsa Sangkuni | sanadyan uwis bênêra | gumrêmêng maoni ririh | saradan tudang-tuding | anyungir ulate rêngu | yèn lêkas pagunêman | nora liya-liya malih | pan wus kêna pinasthèkkên lamun nacad ||

38. Ngrasani alaning janma | dèn andhar awit jêjênthik | suku minggah kongsi prapta | pucuk rambut tanpa uwis | dadi rênaning galih | yèn nyatur tindak kang dudu | kinarya cagak lênggah | ngira-ira mring sasami | mung alane bae ingkang pinêthikan ||

39. Nora pisan angetokna | bêciking liyan pinurih | sirna kadhang tinutupan | pamrih arahing panggalih | dimèn aja ngungkuli | ya marang sariranipun | yèn ana wong kakandhan | nora ngalêm mring Kya Patih | miwah nora carita alaning janma ||

--- 1 : 309 ---

40. Pasthi ambanjur pinapas | aja ambanjur cariwis | tur yèn tinunjêl ing rêmbag | anjêlomprongakên amrih | dudune ing sasami | lamun lêkas gawe dhawuh | mlaksana amisesa | ngawang ngawur tan dumugi | ing wasana tan tumibèng karaharjan ||

41. Kang pasthi dadya panggrêsah | pêgêl sayah anglakoni | praptèng (n)don dadi tutuhan | prandene bisa ngingêrri | ing catur anyelaki | iku mau kurang anu | lamun ta mangkeneya | iya tumiba ing dadi | lah ta ora padha ngati-ati ing tyas ||

42. Pan mangkono Arya Suman | yèn tinutuh ing prakawis | malah malês nutuh (n)dadra | ngêncêngi bênêr pribadi | suthik yèn dènaranni | luput parentahe ngawur | banjur angisis jatha | ana kamituwa dadi | iku goroh yèn aku nora bênêrra ||

43. Saking luputmu priyangga | malengos kang sinung angling | wus watake kyana patya | ing rêmbag (ng)garèndhèl wuri | garêgêding panggalih | sadina-dina pan namung | amrih ara-uruwa | gègèra ingsun angutil | gêrahuyang yèn ana arjaning jaman ||

44. Jalukane awèwèhan | kumêt tur rada nylêkuthis | dene anggêppe ing driya | marang Hyang Suksma Linuwih | Gustine têtêp Gusti | kula ya kawula tuhu | marma kudu akarya | anyuprih bêciking dhiri | supayane dadi tumiba ing mulya ||

45. Kudu mangangkah tan kêndhat | angêndhak gunaning janmi | ngala-ala mring manungsa | aja ana kang ngungkuli | supadya dadya kèksi | badanne dhewe linuhung | ngalela anèng jagad | pangrasa bêcik pribadi | dadi sida katarima Hyang Wisesa ||

46. Sangêt condhong Sri Narendra | Jakapitana ing patih | Sangkuni klakuanira | rêsêp ing tyas narapati | myang ingkang para ari | kurawa sadayanipun | tan ana kang sulaya | gilig golong kang panggalih | abiyantu ing karsa jêng sri pamasa ||

47. Rumojong sêdya swuh brastha | gung kinarya sêkar lathi | anurut parentahira | kang paman Arya Sangkuni | sabarang pamrayogi | tan nana ingkang winangsul | saatur-aturrira | tamtu bisa nuju kapti | marma tansah cakêt nèng ngarsa narendra ||

48. Kinarya mantriwisesa | kaprêcaya nguwasani | kabèh bot-repotting praja | mêncarkên karsèng narpati | sukêr walêdding nagri |

--- 1 : 310 ---

kasrah bang-bang alum-alum | kang rawe-rawe rantas | malang-malang dènputungi | idu gêni ering kabèh wong sapraja ||

49. Wus tamat watêkannira | Kya Patih Arya Sangkuni | kang myarsa sadaya suka | radyan aturrira aris | saèstu anyèplêssi | lan wujud wayanganipun | paran pambêkannira | Dhanghyang Druna maharêsi | Ki Gunawan anglajêngakên carita ||

50. Pupundhèn nagri Ngastina | dadya pangumbahan pikir | kang minangka tuwanggana | -ning praja tinuwi-tuwi | sapa sinambatting sih | risang Baratmadyasunu | ya Bambang Kumbayana | satriya ing Ngatasangin | angajawa apaparab Dhanghyang Druna ||

51. Adhêdhepok Sokalima | jroning wawêngkon nagari | Ngastina gung sinunggata | tuhu pandhita linuwih | cipta anggêpe maring | Hyang Widdhi batharanipun | sinêru mêngku puja | pinrih wor agal lan rêmit | ywa kasêlan ing pangragasuksmanira ||

52. Lamun nora mangkonoa | mungguh kawula puniki | yêkti nora darbe daya | (ng)gonne bisa mobahmosik | malah kaworan saking | Hyang Purbamisesanipun | loro-loroning tunggal | têtêp-tinêtêpan sami | dadya amung kawula darma lumakya ||

53. Wêwatêkannira marang | sasaminirèng dumadi | sisinglon sabarang karya | nora kêna yèn dinugi | saking pêncaring angling | labêt loro-loro têlu | tan ngêmungkên sajuga | kaarah nyampar pakolih | ing pirêmbag mubêt kêsit nora panggah ||

54. Pakolèhe kang supaya | aywa katlindhês ingkang ngling | ingkang tumiba ing ala | amung kang tumibèng bêcik | katonna rêmbug saking | iya ing sariranipun | marma cinalang-calang | pakewuhe kang ginati | salingkuhe wiweka dinèkèk ngarsa ||

55. Palèsèddan ing wicara | pangarêp ngenaki ati | nanging sadalêmming cipta | mandêng caloroding kapti | yèn wus wruh dènjurungi | pinèt saprayoganipun | awiknya kamandaka§ Prayoginipun / ngamandaka. | ing sabda tan ngatawisi | awit saking kinêmbong basa mardawa ||

--- 1 : 311 ---

56. Ngêgungkên pangêla-êla | ginunturan ing mamanis | abang lambe marakdriya | wisa martane ngênani | kadhang warta wisaning | anggutuk lor kêna kidul | marma sang Dhanghyang Druna | mêngkono watêking ati | ing uwite saking kasluruning lampah ||

57. Dahat adrênging wardaya | duk maksih nèng Ngatasangin | tan arsa gumantyèng rama | amung sangêt mangun-tèki | kapati mati-raga | nora sare dhahar nginum | mênêng manungku puja | manuh manawa manonni | kalêksanan antuk wangsiting jawata ||

58. Yèn sanyata mamrih sira | mring kamulyaning jagad tri | wudharên tapabratanta | lumakuwa angajawi | ing kono ana janmi | kakasihing jawata gung | turasing Sang Hyang Brahma | nanging karsaning Dewa di | ing samêngko pan maksih kinarya samar ||

59. Durung katon kawistara | maksih dipun waranani | dening Hyang Jati wasesa | srana andhapasor sami | mamrih raharjèng budi | tapabratane sinamun | asorre ngêmu rasa | Pandhu Dewanatasiwi | Narapati nagara gung ing Ngastina ||

60. Wus dadi pratiknyanira | sinung papancène pasthi | dening Hyang Jagad Pratingkah | singa-singa wong kang asih | miluta anyêdhaki | bisa momong marang iku | sayêkti katarima | barang pamudyane dadi | wus mangkono iya ora kêna cidra ||

61. Marma Bambang Kumbayana | enggal dènnira lumaris | ngulati mring tanah Jawa | mituhu ucapping wangsit | samana sampun prapti | nanging kaloloh ing laku | labuh labêting arda | tumpang so sabarang kardi | ngungun ing tyas wau Risang Rêsi Druna ||

62. Awit dudu kang sinêdya | mungguh Ngastina nagari | rèhning wus bangsa pandhita | dadya sêdya tan gumingsir | mantêp têtêp nglakoni | laku ingkang wus kabanjur | kacêmplung nèng Ngastina | momong Prabu Kurupati | mung ing batin miluta Nata Pandhawa ||

63. Lan mungguh Sri Duryudana | dahat dènnira mumundhi | marang risang Dhanghyang Druna | angangge guru marsandi | ing rêmbag gung tinari | pra samya kèlu kalulun | wong sapraja

--- 1 : 312 ---

Ngastina | mangastawa ngaji-aji | amiminta aji jaya kawijayan ||

64. Sang Nata sadina-dina | mèh nora sah lan sang rêsi | lawan sira Arya Suman | iya sang Patih Sangkuni | ingkang minangka tali | ngêncêngi sagung rinêmbug | wani toh lara pêjah | mantêp ora angoncati | marma nurut nata mring sarkaranira ||

85. DhandhanggulaTeks asli: Sarkara/Dhandhanggula.

1. Sampun titi pambêkannya Rêsi | Sokalima mangkya ulun mêdhar | kang sinung sih Jawatane | sira sang Pandhusunu | Sri Iswara Cintakapuri | miwah sakadangira | kalima winuwus | kalakuwanira samya | Prabu Darmakusuma Yudhisthira ji | iya sang Dwijakangka ||

2. Iya Darmawangsa sri bupati | Puntadewa Guna Talikrama | Cintakapura prajane | Ngamarta ya winuwus | ing Batanakawarsa dening | panênggaking Pandhawa | risang Bayusunu | iya Arya Bratasena | Wrêkudara ya Kusumayuda tuwin | sang Bima gêng birawa ||

3. Paparab satriya Jodhipati | nunggil munggwèng sajroning nagara | de kang dadi panêngahe | satriya surasadu | Madukara ingkang ngrênggani | paparab Dananjaya | ya sang Pandhusunu | Palguna Arjuna Parta | Endraputra Janaka Radèn Jahnawi | Prêmadi ya Pamadya ||

4. Lawan bibisik Prabu Karithi | nanging muhung ana ing suwarga | ing Tejamaya siniwèng | dening pra surawadu | yèku nama Prabu Karithi | malih sang Pandhuputra | dwi warujunipun | dhêdhepok ing Tanjungtirta | sakaliyan sapa dasanèng wawangi | Nangkula lan Sadewa ||

5. Jangkêp gangsal ing mangkya winarni | pambêkannya Sri Darmakusuma | rumangsa kawula kiye | ing tyas marmanya kudu | karya bêcik marang sasami | pangangkah aywa kêndhat | asarananipun | nêpungakên kabêcikan | marang liyan kang widadaa basuki | lan norring jiwa raga ||

--- 1 : 313 ---

6. Kang supadya sidaning dumadi | mindêng-mindêng ngudang katarima | sumuci mring batharane | jumitaning sumungku | nungku tama mamati kapti | sakarsanirèng liyan | katampèn rahayu | sanityasa tyas susanta | sêtyaning ngling sêdya mrih rênaning ati | tan tilar parikrama ||

7. Sakarsane tan arsa sak sêrik | -ira marang sakèhing tumitah | wahyane pamuwus sarèh | sarèh sarekaning hyun | sêmu mênêng tan mardulèni | sasolah bawaning lyan | pan namung jinurung | kang katampik nora nana | mung kalêbut watak angaruh-aruhi | amot mêngku ing driya ||

8. Yèn ngandika tansah angiribi | nora pisan yèn nyulayanana | marang sasama-samane | sarênganing tumuwuh | panyiptane ing Suksma jati | kang murwa ing bawana | bisaa sawujud | ilanga jênêng kawula | panganggêpe wus mati sajroning urip | kamulyaning kaanan ||

9. Ing (n)jaba jro jinumbuhkên sukci | kadya palwa kamot ing samodra | tan sêsak dening sarahe | mis bacin ganda arum | rêgêd rêsik agal lan alit | kalêbu tan tinulak | sumungku ring ayu | ing pangrasa sukmanira | pan linanggêngakên kalawan pamuji | wus tanpa pilih papan ||

10. Mandêng Maha Sukcining Hyang Widdhi | kang winanuh jaman têpêtloka | sumingkir marang karamèn | tan karya sukèng kalbu | ing kaanan sawiji-wiji | ing jagad Janaloka | cinipta tan wujud | wus mulih aranning kuna | sampun tamat pambêkan Sri Pandhusiwi | mangkya gantya winarna ||

11. Pambêkannya risang Bayusiwi | sira Radyan Arya Wrêkudara | sang Bratasena parabe | kaku ananging kukuh | nora tau akarya wiwit | mucuki ing prakara | adoh saking iku | ing samangsa wus katatap | ing panggalih panggah nora wigah-wigih | tan ana cinêgahan ||

12. Nora nganggo tèdhèng aling-aling | apa barang sakarsa balakan | tan nganggo bêcik-bêcike | lamban bae ing catur | lomas-lamis iku tan sudi | nya dhadha êndi dhadha | ywa kakèhan rêmbug | singa bêcik binêcikan | singa ala iya pasthi

--- 1 : 314 ---

dialani | amuk rêbutên ing prang ||

13. Kêncêng lêmpêng nora minggrang-minggring | nir wikara nir baya nir pringga | têtêg sabarang karsane | tan nganggo singgan-singgunsigan-sigun. | ala bêcik bêcik tumuli | ewuh pakewuh tanpa | bênêre linajur | ngukuhi kêcaping kata | etang wuwus yèn wus wêdhar dènrungkêpi | tan nana kinèringan ||

14. Wus tan ngetung lara lawan pati | tan suminggah sêdya linaksanan | ngantêpi basane bae | tan kêndhak dening ridu | nadyan para jawata sami | tan kêna malangana | ing sakarsanipun | anggêpe mring Hyang Wisesa | nora sêlak lamun kinarya gagênti | ilang was-wasing driya ||

15. Sajatine bathara linuwih | nora arah ênggon warna rupa | kalimputan ing anane | purbawisesanipun | pribadi sang sidaning dadi | wus wiratamèng cipta | pupuntoning kawruh | kawula wus tan rumangsa | Arya Sena tan bèncèng-cèwèng maligi | wênang adarbe karsa ||

16. Srana mantêp têtêp tan gumingsir | bêtah ngangkah yèn durung kalakyan | apa kang kinarsakake | nora marêm ing kalbu | lamun durung prapta sajati | jati-jatining karsa | sinêru sinangkut§ Prayoginipun / sinêngkut /. | wus tamat pambêkannira | Arya Sena wong agung ing Jodhipati | mangkya ingkang winarna ||

17. Pambêkannya Rahadyan Pamadi | Arya Dananjaya sang Arjuna | anênggih Radyan Pamade | sang Batharendrasunu | apaparab Prabu Karithi | kêkêmbange bawana | Madukara mêngku | sang Parta iya Janaka | amanjaya jayane sang jayèng jurit | prawira widigdaya ||

18. Amumpuni ing guna kasêktin | datan kewran gêlarring ngayuda | têtêg tatag sabarang rèh | sarèh sasmita putus | tatas buntas yitnèng wigati | wiweka surèng laga | lêga lir tumambuh | tapa tapaking warastra | munggwèng graninng kang arga antikswa§ Prayoginipun / sutiksna / = landhêp sangêt. lungit | ing rat tuhu minulya ||

--- 1 : 315 ---

19. Mila dadi kondhang ing sabumi | sira Rahadyan Andananjaya | saking budi paradhahe | sring ngêtog ing sakayun | ing sujanma jalu lan èstri | sakarsa linanggatan | tan ana winangsul | nadyan surendra bawana | pra jawata tuwin kang para apsari | inguja sakarsanya ||

20. Karya rêsêp mring rowange linggih | rêspatine ngunguwung kawangwang | bisa basa basukine | mardawa ing pangungrum | kaduk-manis ambajong liring | kumêclap nuju prana | kang kêna kumêpyur | dhasar sêmbada ing warna | wus kaonang-onang ing jana yèn sigit | sêdhêng dêdêg pidêksa ||

21. Bang-bang awak ing sarira lêntrih | rurus raras wingit lir ngongotan | antêng mintir graitane | tan pati kaduk (ng)guyu | mung èsême dèn incrat-incrit | sumèh ing pasamuwan | ing sêmu sinamun | jroning naya mawa cahya | ing wasana§ Prayoginipun / wacana / = ngandika. lir wimbaning sitarêsmi | parigêl paribawa ||

22. Ing kabuddhan tuhu andhèwèki | babaguse wayuh wong sanambang | mêksa katon unggul dhewe | manawa ing panggunggung | binanjurna kamot ing tulis | langkung pangêla-êla | kirang papannipun | mangkana sang Endraputra | bisa manjing ajur-ajèr agal rêmit | tan kewran ing kaanan ||

23. Dhasar bêtah tapabrata lêsning | Mintaraga tama êning coba | kalis godha rêncanane | panganggêpirèng kayun | kang kawasa amisesani | sayêkti tan kasêlan | ing olah kang dudu | dadalan kang murbèng titah | kamulane limput-linimputan ing sih | satunggal nora tunggal ||

24. Nora tunggal ananging ngêmori | yêkti lamun iya uga iya | iya iku dudu kiye | agampang nanging ewuh | pasthi dunung tan andunungi | kêncêng têrkadhang mêmbat | sumendhe sumangguh | agagah nora agahan | sagah dèrèng kinantên pasthi ananging | yèn sêlak botên pisan ||

25. Anut mangsa kalaning dumadi | nyata lempoh angidêri jagad |

--- 1 : 316 ---

iya kana iya kene | amung babasanipun | ya bojomu ya bojo mami | dene ta garwaningwang | têtêp garwaningsun | wus titi ingkang pambêkan | satriya nung ing Madukara ngrênggani | mangkya gantya winarna ||

26. Watêkannya risang Pandhusiwi | kang sumêndhi myang wuragilira | ing warna tan na sanèse | myang solah bawanipun | sang Nangkula Sadewa sami | tan pae ing paeka | sakaliyan jumbuh | marang Hyang Purbawisesa | mung sumarah datan andarbèni kapti | mênêng tan mêngku karsa ||

27. Nora nana kang dèn paran ati | nora suka lan nora sungkawa | iya apa satibane | karsane Maha Luhur | sakarêntêg nora sak sêrik | wus ngiwullakên cipta | rêsik tan sumênut | sagalugut nora nana | kang kinarsan apa sêdya paring bêcik | wus nora pisan-pisan ||

28. Apa dadi ala kang kinapti | ala manèh kalamun arêppa | kang bêcik nora rinanggèh | dadya mung gumalundhung | angalindhung maring Hyang Widdhi | tan darbe tatampikan | tan darbe panuwun | tan darbe dayaupaya | amung lila sukur pasrah ing dewa di | awit Hyang Wicaksana ||

29. Mring sasama samaning ngaurip | tan mlaku-mlakuwa kinèdhêpan | sawêruh-wêruhe dhewe | ala bêcik tan muwus | iya nora tan angrasani | kang mangkene mangkana | tan nacad lan (ng)gunggung | urippe mung babarêngan | sande siyos baya pinanggih pribadi | tan ana paran-paran ||

30. Sakaliyan sungkêmira sami | saparentahing raka sakarya | sadaya sakarsa dhèrèk | ajurra kumur-kumur | yèn pakonne dipun jurungi | tan pisan sumingkira | sumungkêm samya nut | titi tamat pambêkannya | satriya di Nangkula Sadewa lêwih | gantya kang winursita ||

31. Sastra ingkang tumrap sela munggwing | sangarêpe candhi Krêsna apan | sasambêtan suraose | ingkang sampun kasêbut | pambêkannya sang Pandhusiwi | myang Krêsna cariyosnya | punika nak bagus | kalimanirèng Pandhawa | wus ubaya lan sakadangira sami | aywa sah sing sasana ||

--- 1 : 317 ---

32. Asor-unggul malarat lan sugih | mati-urip lan lara-kapenak | salah siji labuh kabèh | sabiyantu ing kayun | tan sulaya sabayapati | yèka kang patêmbaya | ing upaminipun | antigan sapatarangan | pêcah siji kabèh milu ambelani | swuh brastha suka lila ||

33. Sanadyan wus mangkono kinapti | sang Pandhawa prandene tan tilar | arêmbag saprayogine | kang raka sang inastu | narendra di ing Dwarawati | sri nata Danardana | Padmanaba Prabu | paparab Bathara Krêsna | Wisnumurti ya Kesawa Arimurti | narpati Narayana ||

34. Amung kadang naksanak saking stri | lan Pandhawa nanging wus ubaya | gêmah rusak bela bae | kalima sunu sarju | dadi nême sang Wisnumurti | marma sêdya mangkana | Sri Krêsna puniku | kalawan Radèn Janaka | sakaliyan sami katitisan dening | kyatingrat Sang Hyang Suman ||

35. Wus pinaro karsaning Hyang Luwih | panitise Hyang Wisnu Bathara | angagal kaalusane | pisah roroning dhapur | saupama lir sosotya di | lawan êmbanannira | samodra lan alun | kadya surya lan sorotnya | puspita bra ngambar gandanira sumrik | lir jiwa anèng raga ||

36. Lumah kurêpping suruh upami | yèn dinulu beda seje warna | ginigit padha rasane | mangkono pisahipunpindhanipun. | nata Krêsna lawan Jahnawi | lugune nora beda | sami titis Wisnu | wus ngalela ngejawantah | tuhu tunggal pinangka padha sawiji | sudibyèng jagadraya ||

37. Bisa nuksma kang ganalagal. myang alit | krêtarta saolah kridhaningrat | kang minangka prajuritte | kontanning jawata gung | kinèn munah laku durniti | angkara ngangsa arda | adrêng pakarti dur | ing rèh rurusuh rinusak | Sang Hyang Wisnu ingkang andarbèni kardi | anggêmpur kala murka ||

38. Nora pae sajroning wus nitis | têtêp tumurun mring ngarcapada | lêstari ing pakaryane | marma sang antuk wahyu | katitisan sang Wisnumurti | ing watak kalakuwan | myang pambêkan jumbuh | aji kaote samantra | sang Arjuna angumbar karsa ngratani | yèn Krêsna rada cêgah ||

--- 1 : 318 ---

39. Amung ngudi dadining pambudi | kawaspadan lêpasing graita | wicaksana sasanane | siddhi paningalipun | ing wêweka pangati-ati | limpad ing pasang cipta | wruh ing iya dudu | ing nistha madya utama | tuman têmên ta sujananing naya di | mring sêmu nora samar ||

40. Sakarêntêg iya nora pangling | marang sande siyosing prakara | kinarang nèng graitane | bisa manis ing têmbung | wruh ing têmbung kang kandêl tipis | miwah kang dawa cêndhak | mandhêk lawan laju | anuhoni asthabrata | nora wangwang ing sabda tatas patitis | putus ing pasang cipta ||

41. Yèn ngandika karya sukèng ngati | lawan nora mathênthêng miyagah | kadya pangangguran bae | manis winoran cucut | tumarêcêp sabda tarincing | angandhar tan nglêmpara | wossing tan kalimput | limpating budi kumêpyar | lamun nyandhak karya kêkênthêl lan pikir | pan nora amisesa ||

42. Dhèmês ngêtrap lamis nanging dhamis | tan katara lamun ngumpêt karsa | rapêt ing pasambunganne | bisa nigas anyambung | ambabangun ayêmming ati | awit carita krama | karêm olah sêmu | ênggon wangsulle mikêna | kêdhap-kêdhap kocaking netra lan alis | tan kawistarasmara ||

86. Asmaradana

1. Titi sorah pambêkanning | sang aprabu Danardana | rahadyan turira alon | saklangkung panuwun kula | de kaparêng amêdhar | sadaya ingkang kasêbut | sastra Buddha tumrap sela ||

2. Mênggah têtêmbungannèki | punapinggih sampun jarwa | Ki Gunawan lon dêlinge | anak têmbung Sangsêkrita | tur-ulun jarwanira | Jèngsari ngandikèng kalbu | wong iki baya pujangga ||

3. Wusana umatur malih | suraosse kang pambêkan | kadiparan kalêjêmme | Korawa lawan Pandhawa | dadya cacah sasanga | Gunawan mèsêm lingnya rum | inggih makatên anakmas ||

--- 1 : 319 ---

4. Mila pamrih lumastari | kinarya nanangi driya | mêndhêt criyose ngaluweh | tinali-tali minangka | tutuladhaning gêsang | talitining pra luluhur | punika kang kinawruhan ||

5. Pugut pêncaring dumadi | tindak ingkang ingarannan | nistha madya utamane | ginambar pambêkan sanga | tuladhaning dumadya | runtut kuna-kunanipun | kêni tinêdhak samangkya ||

6. Êninging tyas kang winarni | punang laguning mardawa | supadi kawistarane | têpaning kang wit darsana | saking pamanggihingwang | kilap lêrês lêpattipun | kawula sumangga karsa ||

7. Sampuning sorah winarni | ambêg miwah kalakuan | sasanga kang jinalèntrèh | sang aprabu Duryudana | kalih Sangkuni Patya | Rêsi Druna tiganipun | golonganing sri Ngastina ||

8. De ta ing Cintakapuri | dhingin Prabu Darmaputra | sang Bratasena karone | tiga Arya Dananjaya | sakawan Sang Nangkula | kalima Sadewanipun | kanêmme Sri Nata Krêsna ||

9. Ing Pandhawa nêm winijil | Ngastina kapetang tiga | rong golong kinêmpalake | dadya jangkêp petang sanga | ing mangke pan sinuda | Nangkula Sadewa wau | tunggil wus atunggal warna ||

10. Solah myang tanaga sami | marma pangetangan sanga | namung wolu sajatose | lan malih makatên uga | Jahnawi lan Sri Krêsna | tinon ing paningal jumbuh | rahsane kadi sajuga ||

11. Kalamun makatên kadi | kêpanggih sapta petangnya | samangke ginandhèng manèh | anggêpnya Sangkuni ika | lawan Sang Dwijakangka | gargêtting driya sumênut | awitte tunggil pinangka ||

12. Ananging upami warih | Sangkuni toya ing rawa | buthêk nandhêk tur naiyèng | kasarahan anggrah-anggrah | mambêg kewala datan | wontên ilèn-ilènnipun | jro êmbêg êndhut bladhêran ||

13. Tangèh lamun dènênggonni | ulam loh toya karasan | dêstun niku trunalele | matil mandi mawa wisa | malih nadyan wontêna | sawêr toya ting pancungul | anak-anak gumarayah ||

--- 1 : 320 ---

14. Ngamarta upama warih | mudal tuknya marawayan | jroning maya-maryamaya-maya. nyarong | myang tinon rawi sinungan | ilèn-ilènning toya | mili mratani lumintu | dhatêng têgal pasabinan ||

15. Têlêngnya datan ngêndhatti | mumbul pamudalling toya | rêsik sakêdhik rêgêde | dènênggoni ing wadêr bang | guramèh sêpat tambra | samya yêm mamangsa lumut | ganggêng wangunnya karasan ||

16. Darmaputra lan Sangkuni | mung makatên prabedanya | netya samya nêtêpake | kawula inggih kawula | gusti têtêp gustinya | witnya samya sami banyu | buthêk lawan bêning maya ||

17. Niku dumunung pangèksi | lamun totogge paningal | toya maya rêna tyase | yèn buthêk pêpêt nèng netra | nanging ta sami toya | Arya Sena tunggil dhapur | lan Duryudana mangkana ||

18. Pinèt gambare upami | yèn latua latu sanglat | datan kantênan sakinge | tèplêg dhawahe tan prênah | urubnya mulad mubal | karya gugupping tyas bingung | yèn tan murub murêng bêtah ||

19. Sena upaminya agni | niku pami gêni mulad | tan mobat mabit urube | mèntèr ujwalanya mubyar | antêng sorote padhang | angêsuk dhatêng alindhuk | datan nyamut-nyamut sêmang ||

20. Dumunung wontên pamyarsi | mirèng swaranya dahana | yèn sanglat yêkti guguppe | tumambirang ing driyarda | yèn antêng latu mulat | tan wontên sangsayanipun | ing panampi malah cêtha ||

21. Sanglat mulad sami api | sanadyan sami dahana | nanging sanès tumanduke | Sena lawan Duryudana | sumlênêk pangrêngkuh tyas | maligi sami sumujud | tan wontên nami kawula ||

22. Kumbayana lan Prêmadi | tunggil pangincênging cipta | ananging sanès dhawahe | sang kadi upami kisma | sang Druna siti lincat | (n)jêmbrung kacukulan rumput | lingi garinting wadêran ||

23. Jêblog yèn katiban warih | mlênyèk (n)jawi ing (n)jro padhas | yèn kaidak plera-plere | lunyu mring sukêtan kekah | ambulak ngêmplak-êmplak | kitri karang witte taun | ngarêtêg amung dêlêg pang ||

--- 1 : 321 ---

24. Samangsa tan ana warih | têgêsse mangsa kartika | banjur ngaloloh lêmahe | pêcah pisah sami nêla | lêbêt tur wiyar panjang | singa-singa kang kacêmplung | gya minangsa sato galak ||

25. Sira Dyan Arya Jahnawi | yèn ta upamia kisma | siti ladhu radin ngompol | kaworan pasir malela | mawur lir sabên rinya | dèndhangir pacul lan garu | manawi katiban jawah ||

26. Dhahas malah rêsik gasik | yèn lami tan kambah tirta | dhasarripun sampun ngompol | upami tinanêmana | samukawis ngrêmbaka | lastantun wijinya thukul | sami lawan babonnira ||

27. Sêmpulur enggal andadi | kang namung pedah dêlêg pang | enggal walagang uwitte | nanêm kang pancèn ron-ronan | kêtêl lêma ngrêmbayak | yen wiji sêkar kinayun | kusuma lajêng angrêbda ||

28. Bilih wiji tuwuh pinrih | genjah uwohnya andadya | tulus matêng-matêng wohe | makatên sanèssing karya | Arjuna Dhanghyang Druna | apan sami dhasarripun | lincat ladhu inggih kisma ||

29. Punika dumunung munggwing | anèng kedalling wacana | dènraosi sawontênne | awon sae kasumbaga | datan sah winacana | makatên upaminipun | Druna lawan Dananjaya ||

30. Ing tyas tan kenging pinasthi | bilih sitinipun wrata | utawi sadaya lêgok | kadhang lêgok kadhang rata | rata kadhang lêgokan | nanging inggih sitinipun | ingkang kisma sami kisma ||

31. Ingkang latu sami api | ingkang toya sami toya | amung sanès wahanane | wontên ta makatên uga | Nangkula myang Sadewa | pinèt iku paminipun | kadya (ng)gyanning samirana ||

32. Ngirid ganda bangêr bacin | miwah ganda arum ngambar | asêdhêp minging wangine | sumrik dumunung ing grana | ananging bacin ngambar | sanès saking angin iku | lawan sanès saking grana ||

33. Sakalihe amung darmi | sayêkti wontên ing ganda | kilap sintên ingkang gawe | sangkanne botên uninga | lan botên kauningan | nging kêdah uning puniku | wittipun saking punapa ||

--- 1 : 322 ---

34. Mangsa tilarra saking wit | yèn bangêr mantuk bangêran | yèn arum mantuk arumme | kang ganda yêkti mangkana | mung darma angin krana | ajal lan kamulyanipun | ingkang dènantuki ika ||

35. Makatên ingkang upami | Nangkula lawan Sadewa | ya ta winangsulan manèh | ing wau wus ngetang sapta | saking winorring sabda | uwitnya tunggal sawujud | dadya kantun etang gangsal ||

36. Gangsalipun Wisnumurti | sang aprabu Danardana | nalikanya aprang rame | Bratayuda mung Sri Krêsna | kang dadya pandaming ngrat | uning obah osikkipun | ing mêngsah kalawan rowang ||

37. Kanthi èngêting panggalih | sakêdhap netra Sri Krêsna | botên pisan yèn kasupèn | ubayanya ing Pandhawa | miwah ubayanira | mêngsah tiga warninipun | Sangkuni myang Dhanghyang Druna ||

38. Panunggul Sri Kurupati | babala sèwu nagara | para ratu gêdhe-gêdhe | nata Krêsna datan kewran | maring kartisampeka | wiknya pasang byuha agung | wadinya adamêl gêlar ||

39. Langkung sagêd mikênani | ugi botên sinalira | mung pratikêl pikantuke | ingkang tumandang ngayuda | nênggih risang Pandhawa | majêng mundurnya samya nut | saparentah nata Krêsna ||

40. Marmanta pinundhi-pundhi | sakadang nata Pandhawa | winastu linuhurake | aywa kongsi kaoncatan | têtêppa sinuwita | anuduh ing marga ayu | dadya pandam pangauban ||

41. Matur Nikèn Rancangkapti | kula nyuwun sêsêrêpan | Wara Sumbadra kalihe | Wara Srikandhi punika | punapa sampun krama | paran cariyossing dangu | cinandhi cakêt Arjuna ||

42. Sang Gunawan wacana ris | mênok sang Wara Sumbadra | lan Srikandhi ku garwane | Wong Agung ing Madukara | risang Andananjaya | lilima garwa kasêbut | ana ing layang Wiwaha ||

--- 1 : 323 ---

43. Kabèhe ayu linuwih | katri putrining narendra | kalih atmaja wikune | pantês dumadya tuladha | èstri kanggêp ing priya | winursita candranipun | dyah lima endahing warna ||

44. Sumbadra sêpuh pribadi | atmaja Sri Basudewa | ing Mandura karatone | warna ngrêsêpakên ing tyas | sumèh lindri kang netra | apasaja driya tangguh | sêmune kurang budaya ||

45. Awijang dêdêg rêspati | kuning labêt mung kêpama | wênês mandhês kulittanne | tan pati ngadi busana | mangu kadung yèn mlampah | dyatmika arang amuwus | tan rêgu manis sêmunya ||

46. Ririh tanduke yèn angling | lumuh sêndhuning wicara | amot mêngku aksamane | tuhune pribadya ingkang | pinrih susêtyèng priya | datan lênggana sakayun | mring maru kadi sudara ||

47. Rumêsêp tan swalèng kapti | sanadyan kurang budaya | lêgawa nrus ing batinne | winongwong ing widadarya | labêt kadang Hyang Suman | marma sang Dananjayèku | sêmu ering pamêngkunya ||

48. Para maru-marunèki | anggêpe samya nyuwita | miwah kang raka kalihe | Prabu Krêsna Baladewa | kalangkung trêsnanira | marang dyah Sumbadra iku | kadang èstri mung sajuga ||

49. Apisah panggonannèki | milane tansah anduta | wau sang nata kalihe | kikintun arta busana | kalawan tanya warta | karaharjane sang ayu | dene garwa kang panênggak ||

50. Dyah Manuara wawangi | saking pratapan wijilnya | Tirta awama putrane | sang Bêgawan Manikara | sang dyah punjul ing warna | lirpendah gambar pinatut | netra (n)jait antêng raras ||

51. Pamulu manis mrakati | lamun paès wimbuh endah | sanadyan ngusutta bae | kaya madu pinasthika | lurus babau wijang | maya-maya tinon mancur | angunguwung mawa teja ||

52. Kuning wênês sêmu wilis | kadi Hyang Pudhak-sinurat | mêncorong katon warnane | tanpa apipindhanira | Hyang Andakara ingkang | katawêng ing ima rêmu | rumamyang amaradipta ||

--- 1 : 324 ---

53. Nyunarri kang sitarêsmi | kuciwane mung samantra | dene lugas gêgêlunge | prandene mungguh sêmbada | sarwa ramping sadaya | sranduning sariranipun | ing pambayun kurang madya ||

54. Lir tawon gung ingkang lagi | gumana lambung satata | mikatonni sasolahe | apindha sêkar kintaka | lathi dhamis anggula | sathêmlik rêkta sumunu | kadi kang manggis karêngat ||

55. Kengis ing wiraganèki | mijitimun punang waja | arêntêt rampak pucuke | sêmu abrit tur kumilat | awor lawan wicara | awèh kêsarring pandulu | sarwa lus sasolahira ||

56. Èsêm iriban tan kengis | kèksi sinamun ngandika | têmbung rumakêt manisse | tanduk angangayuh driya | bisa nuju ing karsa | -ning priya myang marunipun | dènnya nanggapi pinangkat ||

57. Susila anor ing dhiri | sêpi dhiri piyangkuhnya | èngêt trahing pandhitane | bêtah nglapa wungu lênggah | karêm mangulah puja | tamat ing caritanipun | garwa Parta kang panênggak ||

58. Panêngah Dèwi Ulupi | atmajanirèng pandhita | Bagawan Kanwa wastane | dhepok wukir Yasarata | endah rêspati warna | liringe anunjung biru | sumorot kadi kartika ||

59. Dhèmês sèdhêt mêrakati | kadya pratima rinêngga | sarêntêg (m)bambang awake | mawèh brangta kang tumingal | liringe pindha wulan | tan pêgat maèsmu (ng)guyu | kengis kang waja gumêbyar ||

60. Antênge wêkasan kèksi | sumèh ing pamulunira | pantês yèn amathêt lambe | ngiras mintonakên waja | wangun tètèsing toya | kataman baskara nrawung | lwir trênggana mrihnglih. sasana ||

61. Jaja wêlar wêwêg isi | gêmuh ingkang payudara | parigêl patrap solahe | kèwês kêdalling wicara | tinut liringing netra | tandang tanduke rumêngkuh | mring priya myang marunira ||

62. Bisa cawis angladèni | kang dadi karêmming priya | myang maru cèthi sêdene | marma wong sa-Madukara | ajrih asih sadaya | suyut tur mawa kayungyun | lawan garwa kang panêngah ||

--- 1 : 325 ---

63. Gantya garwa kang sumêndhi | Gandawati musthikèngrat | atmajanira sang katong | Arjunayana narendra | ing Sriwêdari praja | warnanya tuhu pinunjul | wênês ngropèk apidêksa ||

64. Sariranira ngalêntrih | amardapa tiningallan | jênar wingit pasêmonne | antêng dyatmika wiweka | ruruh yèn angandika | titi kurang gujêngipun | rema mêmak ngandrawila ||

65. Wilis sêdhêng ngrêspatèni | ngarompyoh sisinommira | jangga lumung pranajane | wêlas wimbuh maya-maya | lwir wêngkêring nyu dênta | pinêtri kalangkung-langkung | (ng)gandhewa gadhing kang asta ||

66. Awijang baunirèki | wiraga nangi asmara | kalamun lumampah alon | lêmês lambung mêmbat madya | kadya tunjung lumênggang | ing warih kadilir banyu | mawèh ganda rum angambar ||

67. Wasis salwir karyèng èstri | raratus kokonyoh jêbat | widhadari paguronne | winulangkên marunira | mrih dadi kanthi tama | dènnira suwitèng kakung | gantya garwanya pamêkas ||

68. Nama sang Wara Srikandhi | saking nagari Cêmpala | -rêja puniku putrane | Sri Maha Prabu Drupada | ing warna tuhu pelak | jênar pasariranipun | lwir kancana sinêpuhan ||

69. Wadana anuksmèng sasi | liringe manis agalak | budiman kang samya anon | sèdhêt dêdêge rêspatya | gandhang tanduke sabda | gandês luwêse mawèh kung | tulus raharjaning driya ||

70. Kalamun slanggappan angling | datan mawi tiningallan | sinandi ngliling drijine | amung lawan kakungira | kalamun angandika | patitis saulonipun | cumondhong mapankên nitya ||

71. Kênyaming lathi yèn angling | gumêbyar kengis kang waja | lwir thathit barung tumêmpoh | curna prananirèng driya | kajarak mamanisnya | marmanira sang-abagus | kalamun arsa aniwa ||

72. Yèn sang rêtna kang ngladossi | sang Parta wande sumewa | lawan sukane sang sinom | maos sagung srat lukita | lalagon gêng kang sêkar | wisatikandhêh swara rum | nglik ngumandhang gêtas rênyah ||

--- 1 : 326 ---

73. Kenyut sanggya kang miyarsi | yèn wus nulya winursitan | rahsèng lukita salwire | saya karya yam-yamming tyas | miwah sang lwir kusuma | lêbda busana mamatut | tumrape marang sarira ||

74. Nyamlênge tan mindho kardi | dadya tuladan para dyah | utawi marang marune | rinasuk sinalondhohan | tan keguh rinêngonan | tan alamis gapyak-gapyuk | dadya nora bisa duka ||

75. Lêjar lumunturing kang sih | puwara mong mangla-êla | mring Srikandhi sang lir sinom | tuwin risang Dananjaya | dènnya sih (n)tuk babahan | nanging sang rêtnaning ayu | tangèh yèn agênging driya ||

76. Awit wus waskithèng wangsit | dènnira malês sihira | maratuwa gung bêktine | gumanti mring Kunthi sang dyah | pinunjung sabên dina | tinurut sakarsanipun | yèku caritaning kuna ||

77. Èstri kang kanggêp ing krami | nalika ing jaman purwa | wus kawilang utamane | marma yoga piniridda | pakolèh pinarsudya | pinangkat sakadarripun | ywa kongsi tanpa tuladha ||

78. Buwang caraning dumadi | (m)bokmanawa tibèng papa | ina pribadi luputte | jumrunuh kèh samya nêtah | kaduwung wusananya | rara giluttên satuhu | crita kang wus ingsun wêdhar ||

79. Rangcangkapti mangênjali | datan langkung pangèstunta | mugi angsalla sawabe | garwa risang Dananjaya | gangsal salah satunggal | manthuk-manthuk sang linuhung | dakidèni sira nyawa ||

80. Mangkana dyan Jayèngsari | dupi miyarsa carita | ginilut sasuraose | prasêtyèng tyas boya nêdya | krama yèn datan angsal | wanita kang kadi wau | pinilaur tanpa krama ||

81. Buras malongo miyarsi | wasana ngling dhuh saiba | sang Dananjaya (m)bêdhodhog | bojone lima utama | sing ngene-ngono ana | pangiraku wus-amunthu | nora niyat lunga-lunga ||

82. Ki Gunawan mèsêm angling | Buras risang Dananjaya | arang ana ing prajane | ngalênjêt mring pagunungan | ngrampassi para endhang | paminggir tan kêna ngetung | miwah garwa

--- 1 : 327 ---

widdhadarya ||widhadarya.

83. Saisining sawarga di | kabèh garwane Arjuna | iku mau bêbasane | bojone janma sajagad | iku garwa Arjuna | garwane Arjuna iku | tulus garwane pribadya ||

84. Buras muwus tobil-tobil | ngudubilah nora talah | apa kabênêran biyèn | (ng)gonne ngiris kala sunat | gêr ginuyu ngakathah | Ki Gunawan (ng)guguk muwus | jaman iku tanpa sunat ||

85. Anak bagus Jayèngsari | mung samantên gadugingwang | ing wanci sampun sêdhênge | aso wawi sasareyan | rahadyan lon turrira | bilih kaparênging kalbu | ulun lan putranta rara ||

86. Ayun sumêrêp yêktining | dhatêng sumur Jalatundha | enjinge lajêng kemawon | mangkat saking Jalatundha | dhumatêng Sokayasa | Ki Gunawan lon lingipun | iku labêtte taruna ||

87. Nir marlupa sayah arip | pringgabaya tan rinasa | mung nêrrang§ Prayoginipun / nêrring / = ênêrring. tyas katon mêlok | pami kula mambêngana | ing karsa kirang rêna | mila ulun mung jumurung | (n)dhèrèk punapi karsanta ||

88. Ki Gunawan wus miranti | timba mring myang obor blarak | samêkta anulya bodhol | (m)bêkta obor sowang-sowang | wus praptèng Jalatundha | sakaliyan nulya gupuh | anyêmplungakên kang timba ||

89. Tali tan mawi nguluri | sumur katon kimplah-kimplah | prasasat mung nyidhuk bae | bumbung kalih kêbak toya | ingaturrakên marang | Ki Gunawan dahat ngungun | anak kalangkung katrimah ||

90. Suwawi dèninum sami | adat dhatêng asrêp tahan | lan kadugèn sakajate | nulya inginum saksana | sabumbung sowang-sowang | mèh têlas Ki Buras matur | kula nun nyuwun loroddan ||

91. Kajêngipun mantun atis | bumbung dwi sinungkên Buras | tinampèn lajêng ginogok | sarwi asru wuwusira | e biyang nora dora | têka angêt jasatingsun | kanthi padhanging wardaya ||

--- 1 : 328 ---

87. Kinanthi

1. Wanci akir lingsir dalu | nuringrat katon nêlahi | sirêp ingkang nur buwana | mèh rahina sêmu abrit | mega malang (ng)ganthêng pêthak | ramya swaraning kang pêksi ||

2. Radyan mangênjali matur | aywa kirang pangaksami | ulun lajêng kalilana | umangkat saking ing ngriki | datan langkung pangèstunta | raharjanirèng lumaris ||

3. Dumuginipun ing purug | ywa kirang juga punapi | mèsêm Kiyai Gunawan | saèstune ulun ngirid | supadi ing lampah gancang | myang kang matur ing sang yogi ||

4. Têmbe yèn anak wus katur | kula ngantos sawatawis | yèn anak wus têntrêm ing tyas | (ng)gènulun wangsul mariki | Jayèngsari duk miyarsa | sukèng tyas umatur aris ||

5. Sukur bage sèwu nuwun | paduka sih kawlasasih | adan umangkat saksana | bagaspati wus (n)dhadhari | enggar kang samya lumampah | tan ana sangsayèng margi ||

6. Tan cinatur laminipun | dènnira samya lumaris | saking ing Diyèng wus prapta | tlatah Sokayasa nênggih | kèndêl têpi patêgalan | Buras kinèn tanya maring ||

7. Kang lagya andhangir jagung | wakne kula nilakrami | kang sinambat myang pilênggah | tuwin raning dhusun niki | myang sintên pangagêngira | ki dhangir kagyat mangsuli ||

8. Pantèn takèn namaulun | Ragatruna lênggah mami | kabayan ing Sokayasa | anênggih kangjêng kiyai | sinambat Sèh Akhadiyat | ingadhêp pinundhi-pundhi ||

9. Pantèn punapi ingutus | utawi damêl pribadi | wau Ragatruna mulat | mring Gunawan datan pangling | gya lumajêng praptèng ngarsa | manêmbah turrira aris ||

10. Ulun tan nyana saglugut | yèn paduka ingkang prapti | kanthi (m)bêkta kalih putra | punapi yun (m)bêkta maring | rakanta Sèh Akhadiyat | Ki Gunawan anganthuki ||

--- 1 : 329 ---

11. Èh Ragatruna dèngupuh | maturra raka kang Kyai | tuwin kang (m)bok Siti Wuryan | ulun arsa caos bêkti | lan anggawa dwi atmaja | Ragatruna mêsat aglis ||

12. Nahên ta ingkang winuwus | Sèh Akhadiyat myang padmi | lagya lênggah nèng paningrat | nglilipur garwa kang lagi | kataman duhkitaning tyas | murcane siwi sang pêkik ||

13. Ki Mas Cêbolang jujuluk | wus sinêbar sakèh dasih | angluru tan antuk warta | mila saya gung prihatin | Maha Wiku ngandikanya | mring garwa myang para dasih ||

14. Rèh wus tita tan kêpangguh | têmbe manawa wus eling | (m)balèni panggawe yogya | birai maring utami | (m)buwang pakarti angkara | murka rucah ing ngaurip ||

15. Kalamun nyata nakingsun | sayêkti mulih pribadi | tur wus tampi kang piwulang | nging pandhita kang wus sidik | sampurna trang ngèlmunira | ingkang tumêkèng kajatin ||

16. Tan luwih padha nyunyuwun | rahayune kang lunga nis | èh ta Wuryan di narima | sira pasraha Hyang Widdhi | saka palaling Hyang Suksma | sadurunge jêbèng mulih ||

17. Sira pinaringan liru | kang dadya rêm-rêming ati | wèh suka rênaning driya | kadi yogamu pribadi | utawa trah witaradya | Siti Wuryan duk miyarsi ||

18. Katon lêjar ing wulangun | kawuryan ujwala wêning | kasaru Ki Ragatruna | mangarsa umatur aris | amba ngaturi uninga | arinira Diyèng tuwin ||

19. Kakalih atmajanipun | ayun sumiwèng sang yogi | èh Truna yayi Gunawan | iku nora darbe siwi | wis ta banjur aturana | ywa kasuwèn anèng jawi ||

20. Ragatruna nêmbah mundur | tamu katri sampun kerit | tundhuk nulya rarangkulan | bagya-binagyakkên sami | sang wiku aris ngandika | padha bêcik sira yayi ||

21. Têkamu ing ngarsaningsun | wawangune awigati | lawan bocah iku sapa | kang jalu warnane pêkik | kang wadon ayu prakatya | katêmbèn ingsun udani ||

--- 1 : 330 ---

22. Ki Gunawan mèsêm matur | dhawuh paduka kapundhi | mênggah pisowan kawula | rèhing lami tan sumiwi | dumadya wulangun dahat | dhatêng paduka sarimbit ||

23. Dene kaping kalihipun | nyowannakên rare kalih | anakipun ki nangkoda | Pakalongan Ki Hartati | jalu èstri ing samangkya | wus sami tumêkèng jangji ||

24. Wus katur sadayanipun | miwiti têkèng mêkassi | Sèh Akhadiyat ngandika | yayi ingkang nora (n)dugi | apa condhong lan kiranta | Ki Gunawan turnya ririh ||

25. Lêrês kiraka kang dhawuh | ulun pan makatên ugi | ananging badhe tatanya | jatosse yèn (n)juwarèhi | mila ulun mung sumangga | kulup ngabêktia aglis ||

26. Kalawan arinirèku | maring (n)Jêng Kyai sarimbit | tanggap radyan lan ri sang dyah | manêmbah lampahnya ririh | parigêl solah wiraga | dhèmês luwês mêrakati ||

27. Ri wusnya mangraup suku | rahadyan tan kenging têbih | lan sang Luhung Akhadiyat | sira Nikèn Rancangkapti | duk ngabêkti Siti Wuryan | tansah dènnira ngarassi ||

28. Sarwi angandika arum | nini ywa sandeyèng kapti | ramanta kang wus suwarga | aku mitrane sayêkti | kalawan yayi Gunawan | miwah ramanta kiyai ||

29. Katrinya saeka kayun | tan ana winalangati | lwir kadang sayayah rena | nêmbah Nikèn Rancangkapti | sang wiku gantya ngandika | èh ta kulup Jayèngsari ||

30. Sakarone lan arimu | di sukur narimèng ati | mêsthine ya nora timbang | ing nagara lan ing ngardi | muwah-muwuh anèng praja | anèng wukir gung kalantih ||

31. Kalawan sira baturmu | radyan nêmbah matur aris | saèstu ulun têmaha | mituhu tuduh sudarmi | rencang ulun mung satunggal | pun Buras namanirèki ||

32. Maha wiku manthuk-manthuk | Siti Wuryan matur aris | sadya dhahar wus samêkta | prayogi dhahar rumiyin | mêsakakên kulup rara | rèh mêntas lalampah têbih ||

--- 1 : 331 ---

33. Bilih sampun dhahar kêmbul | dimènne angaso sami | wus jêngkar saking paningrat | lênggah dhahar èmpèr wingking | nutug dènnira bujana | wus linoroddakên mring dasih ||Lebih satu suku kata: wus linorodkên mring dasih.

34. Maha wiku ngandika rum | yayi asoa rumiyin | mring panti tamu lor langgar | wus lèngsèr Gunawan Kyai | Siti Wuryan mundur lawan | Rancangkapti mring jinêmrik ||

35. Rara asoa wong ayu | payo turon ingsun dhidhis | kalihe samya sareyan | rara caritakna mami | wit angkatmu saka ngomah | saprene wus pirang ari ||

36. Rancangkapti lon umatur | bilih awit kesah mami | ri tanggal wulan kalepyan | jalaran wus langkung lami | bilih saking Pakalongan | sawêg pêndhak ari mangkin ||

37. Lah rara awit lumaku | mangkana dyah Rancangkapti | kalimput sintrèning lampah | piniluta ing mamanis | apan wus katur sadaya | Siti Wuryan sukèng galih ||

38. Kèndêl ing cariyosipun | têkèng candhi Macanputih | lajêng kapati anendra | Siti Wuryan marêk aglis | ing raka maksih alênggah | lawan Radèn Jayèngsari ||

39. Kagyat ingkang garwa rawuh | umarêk matur bibisik | purwa tumêkèng wasana | cariyosnya Rancangkapti | maha wiku latah-latah | nora luput kira mami ||

40. Èh kulup sun tanya tuhu | kang prasaja aja kumbi | nitik saking udakara | dora sakèhing pawarti | sira ngaku nak sudagar | rinta Nikèn Rancangkapti ||

41. Mring ibumu wus umatur | palêthèking kira mami | Jayèngsari duk miyarsa | tumungkul waspa drês mijil | sakawit têkèng wêkassan | wus katur tan ana cicir ||

42. Sang wiku angrangkul gapyuk | langkung martrênyuhing galih | mangkana pangandikanya | aja sumêlang ing ati | dipracaya ing Pangeran | ingsun kang akarya rêmit ||

43. Anyamun namar anutup | sakèh wadi kang piningit | sira lawan ari para | padha ingsun akên siwi | enggar tyassira rahadyan | dalunya datan winarni ||

--- 1 : 332 ---

44. Wau ta ing enjangipun | Kyai Gunawan maharsi | pêpak kang lênggah paningrat | Sèh Akhadiyat bibisik | sakèh wadi mring Gunawan | samya sukanirèng galih ||

45. Nimbali dasih sawêgung | agêng alit jalu èstri | sawusse sowan sadaya | Sèh Akhadiyat ngundhangi | èh sakèhe bocahingwang | piyarsakna tutur mami ||

46. Ing samêngko karsaningsun | Jayèngsari Rancangkapti | dak pundhut putra minangka | gêgêntine kang lunga nis | padha sira sêksènana | sadaya asaur pèksi ||

47. Wus ngumum mring liyan dhusun | nahan Ki Gunawan Kyai | dènnya anèng Sukayasa | sukuning Bisêma wukir | wus tri ari gya pamitan | linilan umantuk aglis ||

48. Siti Wuryan myang sang wiku | karênan among ing siwi | lêstari têkèng diwasa | tan kurang juga punapi | wus supe mring kang lêlana | kalimput ing siwi kalih ||

49. Mintir ing pamulangipun | saya têrang ing panggalih | kadyangganing kang kusuma | Jayèngsari Rancangkapti | wus kudhup kantun angantya | babarring kusuma adi ||

50. Tan na wusse yèn kawuwus | kang sih-sinihan lan siwi | sigêg gantya kang winarna | sarêng ing lampahirèki | carita kinarya gantya | mêgatruh ingkang winarni ||

TAMAT JILID I

NYANDHAK JILID II.

--- 1 : 333 ---

Prayagung linangkung: KANGJÊNG GUSTI PANGERAN ADIPATI ANOM AMÊNGKUNAGARA III

Sêrat Cênthini ingkang nama aslinipun Sêrat Suluk Tambangraras punika kagubah utawi kasêrat awit saking ada-ada utawi prakarsanipun KGPA Anom Amêngkunagara III ing Surakarta. Rêringkêsaning larah-larahipun dumadosing Sêrat Cênthini wau dalah para pangarangipun kawrat ing Prawacana ngajêng.

KGPA Anom wau putradalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV (pangarangipun Sêrat Wulangrèh, Wulang Putri tuwin Wulang Putra, ingkang kasêbut Sunan Bagus, jumênêng 1788 - 1820 M), saking pramèswari Radèn Ajêng Handaya asli Madura, putrinipun Panêmbahan Cakraningrat V ing Pamêkasan, Madura. Miyosipun ing dintên Slasa Kliwon, 5 Rabingulakir, Dal 1711 (15 Pèbruari 1785). Asma timuripun Radèn Mas Gusti Sugandi, kajumênêngakên Pangeran Adipati nalika dintên Sênèn Lêgi 24 Bêsar, Je 1718 (13 Agustus 1792), ndungkap yuswa 8 taun. Ing sasurudipun rama nata, KGP Adipati anggêntosi jumênêng Sinuhun PB V nalika dintên Slasa Kliwon, 3 Sura, Ehe 1748 (10 Oktobêr 1820), IS PB V ingkang ugi sinêbut Sunan Sugih wau ngasta pusaraning praja namung mèh 3 taun dumugi ing surudipun nalika dintên Jumuwah Kliwon, 29 Bêsar, Je 1750 (5 Sèptèmbêr 1823), dumugi yuswa 39 taun 8 wulan lan 23 dintên. Putra putrinipun wontên 45, nanging ingkang sugêng ngantos dewasa namung 19. Sasurudipun kagêntosan putra RMG Sapardan, jumênêng Sinuhun PB VI kasêbut Sinuhun Banguntapa ingkang kakendhangakên dhatêng Ambon dening Gupêrmèn Walandi.

Wiwit timur mila RMG Sugandi, inggih KGPA Anom Amêngkunagara III ginala-gala dening rama nata, kasinaokakên sawarnining kawruh agal alus dhumatêng para ahlinipun. Pramila wiwit mudha sampun kawistara kalangkunganipun. Sawatawis yasan utawi karyanipun kados ing ngandhap punika:

1. Dhuwung (curiga) 2 iji ingkang kalêbêt sae. Ingkang satunggal kaparingan nama dening Sinuhun PB IV, Kyai Kagèt, jalaran rama nata wau kêjot pirsa kawêgiganipun putradalêm. Satunggalinipun nama Kyai Brajaguna, mêndhêt namaning êmpu ingkang anggarap. Dhuwung sanèsipun sakalangkung agêng lan panjang (kl. 60 cm), wilahanipun kl. 8 cm., wiyaring ganjanipun kl. 13 cm, dhapur Warungsari, luk 13. Dhuwung wau samangke sumimpên ing Museum Radyapustaka, Sriwêdari, Surakarta.

--- 1 : 334 ---

2. Baita (prau) ingkang kapetang agêng miturut jamanipun. Ing canthikipun ngajêng kaparingan gupala ukiran kajêng, pêpêthan Arya Rajamala ing cariyos ringgit purwa. Gupala wau wujudipun agêng angajrih-ajrihi, kasungging, rai abrit, brêngos brewok kadamêl saking rambut asli. Baita wau kaparingan nama Kyai Rajamala. Gupala wau samangke sumimpên ing Museum Radyapustaka. Gotèkipun, agêng dayaprabawanipun tuwin wontên halatipun. Ing têmbe Sinuhun PB VII kaparêng yasa kêmbaranipun gupala kasêbut, kangge canthiking baita ingkang wingking.

3. Cakêpan gêndhing irama Rarasmadya arupi lêlagon singiran (syair Ind.) kangge iringan klênengan ing dalêm baita Kyai Rajamala nalika kagêm amêng-amêng Sinuhun PB IV ing Bêngawan Sala. Cakêpan wau wontên 9 pada, dhapur pasêmon utawi sanepa ing dalêm ngèlmu kasêpuhan. Pada 1 jangkêp kados ing ngandhap punika:

1. Jamala. Jamala sikile sèwu/Jamala. Jamala sikile sèwu/Jamala sikile sèwu/Illaha. Illalloh//

Salajêngipun gurulagu lan guruwilanganipun sami, intinipun kacêtha ing gatra kawitan, i.p.:

2. Oyode, oyode suluring ati ... salajêngipun, panutupipun sami.

3. Uripe, uripe jatining urip ... salajêngipun, panutupipun sami.

4. Êpange, êpange keblat sakawan salajêngipun, panutupipun sami.

5. Godhonge, godhonge Kalimah loro salajêngipun, panutupipun sami.

6. Lambange, lambange kitab Sidik Sêmarakandhi salajêngipun, panutupipun sami.

7. Pêntile, pêntile puji lan dikir salajêngipun, panutupipun sami.

8. Uwohe, uwohe Sadat Patekah salajêngipun, panutupipun sami.

9. Rasane, rasane nikmat mupangat salajêngipun, panutupipun sami.

4. Bêksan Srimpi dening putri sakawan sami mangangge kaprajuritan mawi sanjata. Punika minangka pêrlambang bilih KGPA Anom putraning ibu adarah prajurit (Madura). Bêksan wau dipun iringi gêndhing Ludiramadu. Ludira têgêsipun rah utawi darah; madu cêkakan têmbung Madura.

Bêksan Pênthul kanthi iringan gêndhing Loro-loro, punika ugi anggitanipun sang Pangeran Adipati. Gêndhing Loro-loro punika minangka pêrlambang sêsanggêmaning agêsang, i.p. bingah lan sisah yêkti botên sagêd dipun oncati. Topèng Pênthul, panggarapipun kawiwitan dening KGPA Anom.

--- 1 : [0] ---

INGKANG NGGARAP BUKU PUNIKA

[Grafik]

Kamajaya, punika sêsinglonipun Haji Karkono Partokusumo, lair ing Surakarta 23-11-1915. Pasinaon terakhir Taman Guru Tamansiswa Yogyakarta. Wiwit mudha giat ing Pergerakan Nasional, Ketua Indonesia Muda Cb. Surakarta, Pem-red Maj. Suluh Pemuda Indonesia Yogyakarta (1933-1934). Sekr. Parindra Surakarta, Sekr. Dep. Pengajaran Parindra, Komisaris Surya Wirawan (1935-1938). Pindhah Yogya, Red. Maj. Pustaka Timur tuwin Mustika (1939), pindhah Jakarta, Pem-red. Percaturan Dunia dan Film tuwin Red. harian Berita Umum (1939-1942). Jaman Jepang, Red. sk. Asia Raya (1942), ngêdalakên Almanak Asia Raya 2603. Sêsarêngan para seniman budayawan ada-ada Pusat Kesenian Indonesia ingkang dipun-sêpuhi Bung Karno tuwin ketua Sanusi Pane. Pusat Kesenian kadadosakên Pusat Kebudayaan dening Jepang (Keimin Bunka Shidhosyo, 1943), lajêng ada-ada Sandiwara Caya Timur kalihan Anjar Asmara tuwin Ratna Asmara (1943-1945). Tumapaking revolusi 1945 Wakil Pem-red harian 'Rakyat' kapimpin Syamsudin St. Makmur. Pindhah Sala, jalaran karampog têlas-têlasan dening Nica tuwin Ghurka. Ing Sala mimpin PNI (1946), Ketua Panitya Pertahanan Rakyat Surakarta anggotanipun sadaya partai politik tuwin ormas, anggota DPR Karesidenan tuwin Dewan Pertahanan Daerah Surakarta (1947), Kepala Bg. Pendidikan Barisan Banteng saengga persiapanipun Barisan-barisan Rakyat Bersenjata dipun-gabung dados TNI Brigade XXIV sarta kaangkat dados Kepala Pendidikan. Dèrèng ngantos miwiti ayahan, kapiji dening Pem. RI wontên ing Badan Koordinasi Keuangan Asia Tenggara ing Singapore, ayahanipun ngêmpalakên dana-perjuangan kanthi nylundupakên candu dhatêng Singapore (1948). Wangsul ing Yogyakarta, mimpin PNI, Akting ketua DPRD-DIY (1951-1956), anggota Konstituante (1956-1959), Ketua KENSI (Kongr. Ek. Nas. Seluruh Indonesia, 1958-1960).

Karanganipun arupi buku watawis 50 judul, novelipun kadadosakên film: 1. Solo diwaktu Malam; 2. Sum Kuning (Perawan Desa). Tampi penghargaan Pem. Pusat: Dipun-sahakên Perintis Kemerdekaan (1986) tuwin Ketua Cabangipun ing Yogyakarta wiwit 1991. Saking Pemda DIY: Penghargaan ing bab Pembinaan seni Budaya sarta karya jasa, Ibadah Haji: 1974.

Sasampunipun ngrampungakên Sêrat Cênthini Latin 12 Jilid jangkêp, samangke têkun ngayahi pengabdian: Nglatinakên sêrat-sêrat Jawi Klasik, sapêrlu nglêstantunakên Kebudayaan Jawi dadosa sumbanganipun dhatêng bangsa lan nagari Indonesia andhêdhasar Wawasan Persatuan dan Kesatuan Indonesia.