Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

SÊRAT CÊNTHINI LATIN 2

YAYASAN CENTHINI YOGYAKARTA

--- 2 : [i] ---

SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS)

Yasandalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta.

JILID II

Kalatinakên Miturut Aslinipun dening KAMAJAYA

[Grafik]

Penerbit: YAYASAN CENTHINI Yogyakarta, 1986

--- 2 : [ii] ---

Babon ingkang kalatinakên

Sêrat CênthiniDitulis dengan huruf Jawa.

SÊRAT CÊNTHINI

Koleksi: Balai Kajian Sejarah dan Nilai Tradisional Ditjen Kebudayaan Dep. P dan K Yogyakarta.

Penerbit: YAYASAN CENTHINI

HAK CIPTA DILINDUNGI UNDANG-UNDANG

Percetakan: C.V. Percetakan "Surya Gading" Yogyakarta.

--- 2 : iii ---

PATHOKAN NGLATINAKÊN SÊRAT CÊNTHINI

Pathokan nglatinakên (transliterasi) Sêrat Cênthini kados ing ngandhap punika:

1. Dhasaring pathokan 'Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan'. Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta 1977.

2. Pangalih-aksara muhung miturut aksara Jawinipun. Pramila wontên satunggal têmbung sêratanipun Latin warni-warni, kadosta:

sudigbya - sudibya;

masjid - mêsjid - masjit;

watak - watêk - watag.

3. Aksara Jawi kasêrat Latin:

caDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... c

daDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... d

dhaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... dh

jaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... j

yaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... y

nyaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... ny

thaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... th

4. Sandhangan swantên taling (e)Ditulis dengan huruf Jawa. dipunsêrat: /e/.

Swantên taling ingkang beda pamaosipun kaliyan /e/, kasêrat kanthi tandha (diakritik) /è/, i.p. tumrap têmbung-têmbung ingkang kaanggêp pêrlu dipunsukani tandha, kadosta:

Èmpêr - èmpèr;

Lêmpêr - lèmpèr;

Gêgêr - gègèr.

5. Sandhangan swantên pêpêt (ê)Ditulis dengan huruf Jawa. dipunsêrat /ê/.

6. Murih runtut saha gampil panglacakipun sabên pupuh dipunwêwahi angka urut: I, II (angka Romawi) sarta pada angka urut: 1, 2 lst.

--- 2 : iv ---

7. Angka urut kaca isining buku jilid 1 angka 1 dumugi tamating jilid 1, kaca 332. Ing jilid-jilid lajêngipun sabên jilid kawiwitan saking kaca 1.

8. Migunakakên têtêngêr:

( ): kangge ngapit perangan wêwahan, kadosta: (m)botên, (ng)gèr, (n)dadosakên.

(?): têtêngêr perangan ingkang mbotên cêtha utawi ingkang risak.

[ ]: ingkang wontên salêbêting têtêngêr punika, botên pêrlu kawaos.

9. Kalêpatan ing dalêm naskah, upaminipun: /gagal/ kaparingan tandha...*) ing wingkingipun, salajêngipun ing ngandhap wontên cathêtan (footnote): prayoginipun /gigal/ = dhawah.

--- 2 : v ---

ISINIPUN SÊRAT CÊNTHINI II

Sêrat Cênthini jilid II punika isi 87 pupuh, wiwit pupuh 88 dumugi pupuh 174.

Urut-urutan saha gancaring cariyos kasbut ing jilid II wau kados ing ngandhap punika.

I. Mas Cêbolang

Putra-tunggalipun Sèh Akadiyat ing rêdi Sokayasa wasta Mas Cêbolang bagus rupinipun, mbranyak kadosdene ringgit wanda lanyapan, kesah tanpa pamit, namung kadhèrèkakên santri sakawan i.p.: 1. Palakarti; 2. Kartipala; 3. Saloka; tuwin 4. Nurwitri. Lampahipun ngidul ngilèn lumêbêt ing talatah Purbalingga. ... kaca 1.

II. Jiyarah ing pasareyan Lawèt, têrus nglajêngakên lampah.

1. Ing makam dhukuh Mas Cêbolang dalah para santrinipun njujug ing griyanipun Dêmang Srana, jurukuncinipun pasareyanipun Sèh Jambukarang ing rêdi Lawèt. Lajêng kaêtêrakên jiyarah ing pasareyan wau. Lampahipun angèl saengga para santrinipun kèndêl ngêntosi ing têngah margi. Kalampahan sagêd jiyarah lan nêtêpi lampah-lampahipun jiyarah, malah mirêng swantên, sampun kuwatos manahipun lan nglajêngna niyatipun. ... kaca 2-5.

2. Lampahipun dumugi ing pancuran Surawana, tukipun ing Muncar, nyipêng ing griyanipun kêpala dhusun Ki Dati. Enjingipun nglajêngakên lampah dhatêng Banyumas, nyatakakên bêndungan ing Pancasan. ... kaca 6-7.

--- 2 : vi ---

3. Dumugi ing Banyumas, têrus minggah rêdi sumêrap lumpang sela, ingkang kangge nandha, sintên ingkang kiyat ngangkat badhe kadumugèn sêdyanipun. Namung Mas Cêbolang ingkang kiyat ngangkat lumpang sela wau. Lajêng sami numpak rakit mandhap dhatêng lèpèn Sêrayu. ... kaca 8.

4. Kèndêl ing dhusun Arjabinangun kapanggih Ajar Naraddhi ingkang nate dados santrinipun Sèh Akadiyat ing Sokayasa. Lajêng sami kaajak njajah tlatah dumugi guwa Limusbuntu. Ningali guwa Selapêthak awangun griya lan pêndhapi, cariyosipun tilas kratoning rasêksa. Têrus dumugi sagantên Anakan, lajêng numpak baita kolèk dhatêng Karangbolong, têrus dhatêng ujung Alang, rêdi Ciwiring. Saking katêbihan katingal pulo Bandhung, panggenanipun sêkar Wijayakusuma ingkang kajagi pêksi Bayan. Janggan Naraddhi nyariyosakên nalika Prabu Krêsna nglabuh sêkar Wijayakusuma sarta wadhahipun ingkang dados pulo Bandhung wau. ... kaca 9-10.

5. Nglajêngakên lampah dhatêng Jumprit, ningali tukipun lèpèn Praga ing rêdi Sindara. Kapanggih Ki Gupita ingkang nyariyosakên lêlampahanipun Ki Jumprit ngantos bab kêthèk Ki Dipa kalangênanipun Ki Jumprit saturun-turunipun dados kêthèk kramat ing rêdi Sindara. ... kaca 10-15.

6. Lampahipun dumugi ing dhusun Margawati talatah Kêdhu, kapanggih Ki LêhdaswanindaLêbdaswaninda. ingkang nyariyosakên bilih kapal (kuda) Margawati pinilala dening Kangjêng Sultan ing Mataram. Ki Lêbdaswaninda suka sêsêrêpan bab ciri-cirining kapal sakalangkung moncèr ngantos dumugi bab dintên kalairanipun kapal sarta pamindhahipun dhatêng gêdhogan. ... kaca 15-35.

--- 2 : vii ---

7. Lampahipun dumugi rêdi Sumbing kapanggih dhayang sêndhang Bêdhaya wasta Ki Candhikyuda tuwin bojonipun Nyi Rantamsari ingkang nalika gêsangipun abdidalêm bêdhaya ing kraton Majapait. Mila sintên ingkang adus ing sêndhang Bêdhaya wau, badhe kinasiyan dening sadaya ingkang ningali. Lajêng sami ningali sumbêr ing Pikatan. ... kaca 36-37.

8. Lampahipun kalajêngakên dumugi Ambarawa sarta rêdi Jambu, jiyarah ing pasareyanipun Prabu Brawijaya Majapait. Dumadakan kasaput ing pêdhut lêlimêngan saking panjêblukipun rêdi Mêrapi. ... kaca 38-40.

9. Lumampah ing pêtêngan, wangsul mangidul dumugi rêdi Tidhar, sowan Sèh Wakidiyat ing padhepokanipun. Endhangipun sakawan sami ayu-ayu, sadaya kanikahakên kalihan Mas Cêbolang. Sèh Wakidiyat paring katrangan bab: ningkah, pêgatan/ talak, rujuk, rukun, khuluk, tuwin maskawin, sakalangkung moncèr botên wontên ingkang kalangkungan. Mas Cêbolang nyuwun pamit nglajêngakên lampah, wêkasan bojonipun sakawan pisan sami kapêgatakên, talak satunggal. ... kaca 40-58.

10. Lampahipun mangidul dumugi candhi Barabudhur. Sasanpunipunsasampunipun. ningali candhi Barabudhur sarta Mêndut, sami nglajêngakên lampah dhatêng mataram, jaman Kangjêng Sultan Agung. ... kaca 59-61.

III. Ing Mataram angsal kawruh warni-warni

1. Mas Cêbolang dalah para santrinipun mondhok ing griyanipun abdidalêm modin Ki Amat Têngara ing Kauman, anakipun warandha mlarat, lajêng sakalangkung akrab kadosdene kulawarga

--- 2 : viii ---

piyambak. Mas Cêbolang nyukani angsal-angsal kathah lan mawarni-warni ingkang dumados saking mangunah. ... kaca 62-63.

2. Jiyarah ing pasareyanipun Panêmbahan Senapati ing sawingking mêsjid agêng. ... kaca 64-66.

3. Dipun-ampirakên Ki Amongtrustho, mirêngakên ungêling gangsa, dipunladosi dening para tlèdhèk, angsal katrangan bab ulah-asmara, pambukaning rahsaning wanita, nangèkakên napsu-asmara tuwin panyêgah wêdaling rahsa. ... kaca 66-70.

4. Siyangipun ningali gajah, mantukipun mampir pêkên tumbas dhuwung, mila lajêng mampir ing griyanipun êmpu Ki Anom ingkang suka katrangan bab dhuwung, wiwit bagiyan-bagiyan awaking dhuwung, wujuding dhuwung êluk sarta lurus êluk 3.5.7. lan sapiturutipun dumugi luk 29, katêrangakên tangguh lan tayuhipun sarta watak-wataking pamor, kasambêt katrangan bab tumbak ingkang luk sarta lurus. ... kaca 71-89.

5. Dalunipun mêrtamu dhatêng Ki Bawaraga, abdidalêm lurah niyaga, angsal kawruh bab gangsa lan gêndhing sapêpakipun. ... kaca 89-91.

6. Mêrtamu ing griyanipun Ki Madiaswa, abdidalêm panêgar, dipun sukani katrangan bab pangrèhing kapal kalêbêt anututakên kapal ingkang nakal utawi sakalangkung rongèh; ugi bab ulêsing kuda dalah watakipun lan sapanunggalanipun botên wontên ingkang kalangkungan. ... kaca 91-122.

7. Kaajak dening Amat Têngara sowan Ki Pujangkara, kaparingan katrangan bab petangan dintên ngêdêgakên/ndandosi griya, bab lairipun jabangbayi lan wataking lindhu. ... kaca 123-136.

--- 2 : ix ---

IV. Tatacara tuwin upacara mantu

1. Ki Pujangkara nêdhêng-nêdhingipun siyaga badhe mantu putra-putrinipun kanthi upacara mawarni-warni. Amat Têngara tuwin Mas Cêbolang katimbalan. Dhatêngipun pinuju Ki Pujangkara manggihi Nyai Cundhamundhing, jagal, kapasrahan lan sampun kulina nggarap daging maesa. Kangge pasugatanipun para tamu pancèn badhe mragad maesa. Nyai Cundhamundhing nêrangakên bab mragad maesa sarta murih dagingipun sagêd babar/dados kathah tur tumanja sadaya. Ngaturi katrangan sakalangkung jangkêp bab nama-namanipun daging ing awakipun maesa. ... kaca 137-144.

2. Tamu Nyai Padmasastra, ahli sungging ngaturi katrangan bab sinjang-sinjang sêratan (bathik) tuwin sêratan-bathik ingkang dados awisan. Ugi awisan nyêrat bathik. ... kaca 144-146.

3. Kasambêt dhatêngipun Nyai Sriyatna ingkang nêrangakên bab warni-warnining sajèn gadhah damêl mantu kalêbêt pêndhêman, guwakan, sajèn tarub, sajèn dandang pawon tuwin adang, sajèn majang patanèn, sajèn siraman, sajèn paès, sajèn nyukur pangantèn jalêr, sajèn ningkahan, sajèn pêngulu, panêbus kêmbar-mayang, majêmukan, mêmule, saratipun pênganiènpêngantèn. boyongan, tuwin sapêkênan. ... kaca 147-158.

4. Katungka dhatêngipun Nyai Lurah saking salêbêting kraton, nêrangkên bab lamaran, paningsêt bukak kawah (mantu kapisan), tumplak-ponjèn (mantu putri ragil) tuwin upacara panggihing pêngantèn. ... kaca 158-160.

5. Ki Pujangkara kaadhêp modin Ki Goniyah. Ingkang karêmbag bab tujuanipun mêmule arwahipun para lêluhur, bab panampining lamaran, dhatêngipun calon pêngantèn jalêr ngabdi calon marasêpuh, [mara...]

--- 2 : x ---

[...sêpuh,] midadarèni, tahlil, agêm-agêmanipun tiyang mantu, ningkahing pêngantèn, lan panggihipun pangantèn. ... kaca 160-165.

V. Jagong pêngantèn

1. Para tamu sami lênggah anggrombol mirêngakên cariyos utawi dêdongengan mawarni-warni. Kyai Amat Katêgan nêrangakên bab tumuruning Laelatul-kadar, bab mukjijat, kêramat, mangunah lan istijrat tandha-tandhanipun wali dêrajat sarta piwulangipun Nabi Kilir dhatêng Nabi Musa. ... kaca 165-167.

2. Kêtib Iman nyariyosakên lêlampahanipun Siti Maryam pramèswarinipun raja ing Bagdad ingkang putranipun kalih dados korban katigas jangganipun dening patih ingkang pinitados ngêtêrakên sang pramèswari dalah putranipun dhatêng ing Mêkah. Sang pramèswari sagêd oncat, wêkasan sang patih kawiyak wadosipun. ... kaca 167-173.

3. Ki Rasika jurukunci pasareyan Glagaharum Dêmak nyariyosakên lêlampahanipun Prabu Darmakusuma tuwin pusakanipun kalimasada ingkang sagêd kawêdharakên isinipun dening Sunan Kalijaga, wêkasan sang prabu seda, kasarèkakên ing Glagaharum, pasareyanipun sakalangkung panjang. Sang prabu tilar polaning ringgit purwa. Ugi katêrangakên asal-usulipun wali wolu. ... kaca 173-183.

4. Ki Harjana, santri ing Jatisari, ahli petangan (primbon) nêrangakên bab petangan nirahakên tiyang sakit. ... kaca 184-185.

5. Ki Amat Sêtama nêrangakên ganjaranipun tiyang apal Kur'an, punapamalih ingkang mangêrtos maknanipun. Kalajêngakên dongèng Raja Sêtambul ingkang nandhang cobining Allah jalaran kirang mantêpipun dhatêng panguwaosipun Gusti Allah.

--- 2 : xi ---

Sang Raja kalunta-lunta ngantos kinunjara ing nagari Ngêsam, nanging wêkasan kapalakramakakên kalihan putri Ngêsam. ... kaca 185-193.

6. Ki Wirèngsuwignya, lurah bêksa, nêrangakên bab bêksan wirèng ingkang mawarni-warni sarta asal mulanipun bêdhaya Srimpi. ... kaca 193-194.

7. Ki Dêmang Basman nêrangakên caranipun ngupados dintên sae kangge ngêdêgakên griya miturut petangan kaum tani ing padhusunan. ... kaca 194-195.

8. Kyai Sumbaga, lurah juru sungging nêrangakên asalipun ringgit purwa kalêbêt ringgit Kidang Kêncana. Wiwitanipun kaanggit dening Prabu Jayabaya ing Mamênang arupi gambar ing roning tal (rontal). Nalika jaman Dêmak kagubah ringgit Kidang Kêncana. Para wali ugi kaparêng yasa ringgit purwa, ringgit gêdhog, klithik, tuwin topèng. Ing kraton Mataram Prabu Anyakrawati yasa ringgit ingkang tanganipun kapisah-pisah, tuwin yasa ringgit Arjuna wanda 'jimat'. Kanjêng Sultan Anyakrakusuma yasa ringgit Arjuna wanda 'mangu'. ... kaca 195-203.

9. Marbot Ki Toha nêrangakên bab 'adus Rêbo-wêkasan wulan Sapar' sarta bab 'pasa sunat' i.p. siyam ing wulan sanèsipun wulan Ramadhan. ... kaca 203-206.

10. Ki Sopana, abdidalêm jajar carik suka katrangan bab aksara ingkang sêpuh piyambak i.p. aksara Ibrani yasanipun bangsa Israil, mèmpêr aksara Hindhu, maosipun saking kiwa manêngên, kaangge ing nalika jamanipun Nabi Ibrahim tuwin Raja Namrut. Ugi nyariyosakên nalika Raja Namrut tansah botên pitados dhatêng pitêdahipun Nabi Musa bab wontênipun Gusti Allah, malah nantang badhe nyedani Gusti Allah, lajêng mabur kabêkta pêksi/garudhanipun dhatêng ing awang-awang,

--- 2 : xii ---

wasana kabrastha dening panguwaosing Allah. Raja Namrut sawadyabalanipun lêbur dening lindhu prahara. Sarêng sami waluya, satunggal lan sanèsipun sami botên mangêrtos basanipun. ... kaca 206-215.

VI. Pêngantèn kajagi dening para tamu wanita.

1. Pangantèn ingkang sampun paripurna upacaranipun lumêbêt ing paprêman, kajagi dening para tamu wanita ingkang sami rêrêmbagan sarta mêdhar dêdongengan bab kasêtyanipun wanita dhatêng bojonipun. Nyai Atikah, ngulama wanita nyariyosakên lêlampahanipun Nyi Kasanah ingkang sakalangkung sêtya dhatêng bojonipun ingkang wasta Suhul. Nalika bojonipun kesah dagang, Kasanah katitipakên adhinipun nanging badhe kacidra-asmara, botên purun, lajêng kapitênah ngantos kaukum. Badanipun kapêndhêm sapalih, kabênturan ing sela. Kakintên sampun pêjah, lajêng kabucal dhatêng kuburan. Angsal pitulunganipun tiyang dagang, lajêng kadadosakên rencang. Badhe kapêndhêt semah botên purun, wasana kapasrahan momong anakipun. Kapitênah dening sami rencang jalaran botên purun kacidra-asmara, lajêng katundhung kanthi pasangon arta.

Ing margi mitulungi tiyang ingkang kaukum jalaran slingkuh, nanging tiyang wau malah badhe rêmên lan wêkasanipun mitênah. Kasanah kasade dhatêng tiyang dagang lêlayaran, kabêkta dhatêng sanès nagari. Ing kapal Kasanah badhe karodapaksa, nanging tansah wurung awit saking pitulunging Allah. Lumêbêt nagari sanès, lajêng santun pangangge jalêr wêkasan kaangkat dados raja Alim sarta sagêd njampèni sawarnining sêsakit. Para ingkang mitênah sami nyuwun pitulungan. Ugi kapitulungan, nanging kêdah nyariyosakên sababipun sakit.

--- 2 : xiii ---

Ki Suhul nyuwunakên jampi adhinipun, sagêd saras. Sang prabu ingkang èstunipun Nyi Kasanah wau pamit sholat, wasana ing salêbêting pasalatan kapanggih sampun seda. ... kaca 216-236.

2. Kasambêt cariyos bab Dara Murtasiyah, dening ramanipun Kyai Akbar, badhe kajodhokakên kalihan Sèh Ngarip, botên purun. Ramanipun lajêng ngdongèngakên lêlampahan warni-warni minangka tuladha:

a). Cariyosipun tiyang laki-rabi ingkang kacobi kasêtyanipun dening Nabi Suleman. Ingkang jalêr kapurih mêjahi bojonipun. Manawi kalampahan badhe kaganjar sakalangkung agêng. Wêkasan botên kalampahan, jalaran botên têgêl. Ingkang èstri gêntos katimbalan kapurih mêjahi bojonipun. Manawi kalampahan, badhe kadadosakên pramèswari. Têgêl nanging pêdhang ingkang dipun paringakên mlendo, jêr sanès sanjata saèstu. Wêkasan sami tangisan. ... kaca 237-242.

b). Cariyos lêlampahanipun Siti Aklimah ingkang kasiya-siya lan pinisakit dening bojonipun Ngabdulah ingkang sampun sêpuh tur sakit-sakitan jalaran saking butarêpanipun. Manawi kesah kontên dipun kunci, palataranipun dipun wur-wuri wêdhi saengga manawi wontên tiyang ingkang mlêbêt katingal tilasipun. Rawuhipun Siti Patimah putrinipun Rasululloh pêrlu tuwi Siti Aklimah ingkang mêmêlas sangêt, damêl nêpsunipun ingkang jalêr. Aklimah dipun gêbagi ngantos satêngah pêjah. Wasana èstri ingkang sêtya wau kapundhut dening Pangeran kapapanakên ing swarga. Bojonipun kasiksa ing naraka, ewadene ingkang èstri botên tega, lajêng kasuwun dhatêng

--- 2 : xiv ---

Gusti Allah sagêda sêsarêngan wontên ing swarga. ... kaca 242-251.

c). Kalampahan Dara Murtasiyah purun ngladosi Sèh Ngarip ngantos gadhah anak èstri satunggal, nanging tampi cobining Allah, kalêpatan botên sapintêna. Dara Murtasiyah katundhung dening bojonipun. Tiyang sêpuhipun ugi nglêpatakên Dara Murtasiyah, nyuwun toya kangge sangu kesah kemawon botên dipunparingi. Salajêngipun Dara Murtasiyah lumêbêt ing wana, angsal pitulungipun Gusti Allah katurunan malaekat Jabarail ingkang adamêl warninipun malih langkung ayu sangêt. Wangsul dhatêng bojonipun, sakawit botên mangêrtos, nanging wêkasanipun barès, andadosakên sakalangkung ngungunipun ingkang jalêr, lajêng kapok botên badhe daksiya malih dhatêng ingkang èstri. ... kaca 251-274.

VII. Murwakala

Sasampunipun paripurna anggènipun Ki Pujangkara kagungan damêl mantu, enjingipun dhawuh damêl sajèn-sajèn badhe ngawontênakên ruwatan, ringgitan lampahan Murwakala.

1. Ringgitan kawiwitan kanthi lampahan Partadewa. Ing lampahan wau pandhita-rasêksa Bagawan Krêsnakesawa ngraga-sukma kadhèrèkakên rayinipun Endhang Mardadari, nganglang dhatêng kaswargan tenjomaya, sumêrêp Arjuna jumênêng Prabu Karithi kaadhêp para widadari garwanipun. Endhang Mardadari rêraosan bilih samirêngipun Arjuna wau gadhah kadang pandhawa lan garwa Dèwi Wara Sumbadra. Prajanjinipun Arjuna sabayapêjah sakadang pandhawa, têka botên dipun tuhoni. Mirêng rêraosan wau Arjuna duka yayahsinipi. [yayah...]

--- 2 : xv ---

[...sinipi.] Sukma kabujung, wasana ical ing pratapan Wringinpitu. Bagawan Krêsnakesawa katêmpuhakên lan adhinipun katêdha, nanging botên angsal. Dados pancakara, sang bagawan dipun lêpasi sanjata badhar dados Bathara Krêsna. Endhang Mardadari dados Sumbadra. Nagari Ngamarta ingkang komplang, dipun lênggahi Bambang Partadewa, kadhatêngan Pandhita Durna ingkang badhe nêlukakên Partadewa sarana cangkriman, nanging malah kawon, lan kawirangan. ... kaca 275-293.

2. Sarampunging lampahan Partadewa dumugi tanjêp-kayon, ki dhalang lajêng mriksa kawontênanipun sajèn Murwakala, jangkêp tur kathah. Ingkang badhe karuwat sampun siyaga mangangge sarwi pêthak, katungka rawuhipun para tamu jalêr èstri. Ki dhalang lajêng lênggah ing ngandhap blencong, ringgit lampahan Murwakala katindakakên. Wiwitan jêjêr Bathara Guru kalihan pramèswari Dèwi Uma kaadhêp Bathara Kala dalah para dewa sanès-sanèsipun. Bathara Kala nyuwun pêpancèn têdha awujud manungsa, kaparingan nanging botên sadhengah manungsa kajawi namung ingkang kalêbêt 'tiyang sukêrta', i.p. ontang-anting, ugêr-ugêr lawang, kêmbang sapasang, gêdhana-gêdhini, gêdhini-gêdhana lan sapanunggilipun, wontên warni kalihwêlas, satunggal-satunggalipun kacêthakakên ciri-cirinipun. Bathari Uma nambahi pêpancènipun Bathara Kala. Sapêngkêripun Bathara Kala, Sang Hyang Naraddha kadhawuhan enggal tumurun dhatêng Ngarcapada nganthi Bathara Wisnu tuwin Brama, pêrlu ngirangi pêpancènipun Kala. Caranipun: Bathara Wisnu dados dhalang ringgit wacucal santun nama Kandhabuwana; Bathara Brama dados panggêndèr èstri nama Surani, Bathara Naraddha dados pangêndhang [pa...]

--- 2 : xvi ---

[...ngêndhang] nama Kalunglungan. Bathara Kala kadhèrèkakên ingkang garwa Bathari Durga tuwin rayi Bathara Panyarikan, nglangut lampahipun pados têdha wujud manungsa. Kapanggih lare ontang-anting nama Jatusmati, lajêng oyak-oyakan nanging tansah mrucut, wasana dumugi ing panggenanipun ringgitan Murwakala. Bêbantahan dhalang Kandhabuwana kalihan Bathara Kala. Bathara kala kawon lan ngakêni dhawah ênèm. Salajêngipun ringgit lampahan Murwakala katindakakên dumugi ing saparipurnanipun. ... kaca 293-344.

3. Wanci siang ing pandhapi kawontênakên kêndhurèn sapêkênan pêngantèn. Katêrangakên sinjang lan sandhangan sarta pirantosing balegriya ingkang kabêkta pangantèn boyongan. Kyai Pujangkara dalah garwanipun Nyai Pujastuti paring piwulang dhatêng pêngantèn èstri bab salaki-rabi. Dhatêng pangantèn jalêr bab trapsila tatakrama. Boyongipun, pêngantèn èstri numpak joli, ingkang jalêr numpak kapal. ... kaca 344-349.

4. Sasampunipun rampung boyonging pangantèn, Mas Cêbolang sarta santrinipun sami mantuk, mampir ningali mriyêm. Ki Narataka ingkang jagi kagungandalêm mriyêm nêrangakên mriyêm satunggal-satunggalipun ngantos dumugi cariyos lêlampahanipun patih Kyai Sêtama sarta garwanipun Nyai Sêtomi sami dados mriyêm pusaka awit saking karsanipun Prabu Arya Bangah ing Galuh. ... kaca 349-356.

5. Mantukipun Amat Têngara lan Mas Cêbolang wontên ing têngah margi kapanggih abdidalêm mêtêngan (tunanetra) wasta Ki Candhilaras, punika juru dongèng sarta ahli têmbang kêkasihing nata. ... kaca 356.

--- 2 : 1 ---

SÊRAT CÊNTHINI II

88. Mêgatruh

1. Putranipun Sèh AkadiyatAkhadiat (dan di tempat lain). kang (ng)langut | Mas Cêbolang wastanèki | satuhu lamun binagus | lir lancapan munggèng kêlir | amung pasêmone wadon ||

2. Yèn ngandika mêrakati manis arum | rêsêp kang sami miyarsi | dadya kakêmbanging kidung | lalancur Sokayasa-di | putus lantip wirèng kewoh ||

3. Lampah nyantri lawan rencangira catur | saking Sokayasa wukir | ngidul ngilèn ngancik sampun | tlatah Purbalingga nagri | kèndêl anèng makam Dhukoh ||

4. Kang jinujug wismane pangagêngipun | dêmang Sêrana kêkasih | mas Cêbolang wusnya tundhuk | ingancaran malbèng panti | anèng salu dènnya jagong ||

5. Kyai dêmang tatanya mring tamunipun | pantèn kula nilakrami | sintên sinambating arum | myang pinangka saking pundi | Mas Cêbolang matur alon ||

6. Sarwi mèsêm kêdaling sabda lir madu | ingkang sotah amastani | Mas Cêbolang namaulun | saking Sokayasa wukir | ing sêdya dèrèng kinaroh ||

7. Basanipun anut tindaking kang suku | rèhning kadalon lumaris | bilih kêparênging kalbu | winantu dhanganing galih | ratri mangke nyuwun mondhok ||

8. Angrêgêdi jogan paduka sadalu | sampun susah-susah kyai | benjing-enjing wanci bangun | kula nglajêngkên lumaris | kyai dêmang wacana lon ||

--- 2 : 2 ---

9. Babo pantèn punika langkung panuju | malah ta pamintamami | wontêna sing tigang dalu | sukur karaos nèng ngriki | arêrencang karyaningong ||

10. Mas Cêbolang matur: kula kamipurun | nyuwun sasêrêpan kyai | punapi ta damêlipun | têka mawi dènrencangi | pantèn mênggah karyaningong ||

11. Mung rumêksa astananya sang linuhung | Sèh Jambu Karang ing ardi | Nglawèt ing nginggil puniku | ing ngriki (n)dhèrèk Mantawis | dêmang pradikan wakingong ||

12. Paringdalêm nama dêmang Srana ulun | Sêraya sisihan mami | tampi sèrèn laminipun | sabên ing sêlangkung ari | ing mangkya tampi wakingong ||

13. Kuwajiban yèn wontên têtiyang ayun | jiarah ing Lawèt wukir | yêkti kula kang jinujug | masrahakên juru kunci | dhusun Panusupan manggon ||

14. Mas Cêbolang angangsêg pêtanyanipun | paran cariyosing nguni | Sèh Jambu Karang puniku | kalawan lampah-lampahing | kang yun jiyarah ing dhepok ||

15. Pantèn niku cariyosipun ing dangu | putra nata Majapait | tutruka nèng Nglawèt gunung | dupi wus antara lami | wontên molana kang rawoh ||

16. Sèh Magribi mêjang ngèlmune (n)Jêng Rasul | sawusira asalêsih | sang manêkung sinung juluk | (n)Jêng Pangran Sèh Jambu Kawis | anèng Lawèt ngantya layon ||

17. Kangjêng Pangran titiga sakabatipun | sumare cêlaking margi | inggahipun maring pucuk | kathah tiyang mancanagri | jiyarah samya kalakon ||

18. Sasêdyanya inggih ing sapangkatipun | kang wus samya antuk kardi | mantukipun kêdah laju | botên kenging mompar-mampir | lan botên kenging cariyos ||

19. Bilih ngantos kapirêng ing sanèsipun | tuwin purun ngantos kampir | agêng nêdha sêgahipun | kanugrahanira ênir | kang kampiran ingkang manggoh ||

--- 2 : 3 ---

20. Amung minggahipun kalangkung pakewuh | margi bêbondhotan rumpil | mila kathah ingkang wangsul | Mas Cêbolang duk miyarsi | sru kayungyun ing pawartos ||

21. Dhuh kiyai bilih pinuju ing kalbu | ulun kalangkung kapengin | jiyarah astanèng luhung | antuk sapangat linuwih | wilujêng ing lair batos ||

22. Inggih pantèn kalêrêsan dintênipun | benjing-enjing Kêmis kaping | kawanwêlas kang sitangsu | awit namung dintên kalih | kang linilan minggah dhepok ||

23. Inggih ari Kêmis lawan Sênènipun | kèndêl dènira wawarti | sugata lumadyèng ngayun | rahab ingkang samya bukti | ing dalu tan winiraos ||

24. Wanci bangun sabakdane salat Subuh | Mas Cêbolang wus kairid | tan pisah santrinya catur | praptèng wisma jurukunci | Panusupan raning dhukoh ||

25. Kyai Dêmang Sarana masrahkên sampun | mring Ki Sêraya jrukunci | wus katampèn Dêmang wangsul | Ki Sêraya lingira ris | kêdah miturut lalakon ||

26. Ingkang sampun kalampahan laminipun | mangke ulun ingkang ngirid | sabên prapta kuburipun | kiyai sakabat katri | kêdah kèndêl saha (n)dhodhok ||

27. Asung salam: asalamu ngalaekum | ki kunci: rahmatolahi | ilolah ping tiga sampun | bilih wus tumêkèng panti | bangsal pakêrisan aso ||

28. Kang dumunung wontên ing sangandhapipun | margi rolak minggah maring | astananya sang lunuhunglinuhung. | kêdah ngrucat prabotnèki | kang tumèmpèl amung kathok ||

29. Sinjangipun punika kinarya sabuk | dumuginipun ing nginggil | sampuning ambêsmi kutug | lajêng matur sakajating | rampunging matur gya miyos ||

30. Saking jroning cungkup lajêng nyapu gupuh | ngubêngi gêbyog capuri | nanging srana rambutipun | sampuning kêmput barêsih | manêmbah undurira lon ||

--- 2 : 4 ---

31. Mandhapipun utami gya têrus mantuk | lamun kampir tan prayogi | Mas Cêbolang matur saguh | santri sêkawan tinari | aturnya sami rumojong ||

32. Wus umangkat Ki Sêraya anèng ngayun | prapta ing sukuning wukir | Lawèt tiga jajaripun | kang têngah munggul pribadi | marga (n)dêdêr ngambah bondhot ||

33. Ardi ingkang nèng kanan kering asujud | jurukunci lingira ris | pantèn kang têngah puniku | astananipun sang yogi | bismillah wawi linakon ||

34. Wus umangkat marginya tuhu pakewuh | anguwot ing wit pênjalin | tumawing ing jurang têrjung | kathah buron wisa mandi | ngakak nyêmbur ting pancorot ||

35. Singa anggro warak galak nêngèng luhur | santri sakawan duk uning | ngoplok cahyanira payus | nyuwun wangsul tan kadugi | klilan ngêntosi nèng pondhok ||

36. Mas Cêbolang lampahira sampun laju | muhung pasrah ing Hyang Widdhi | ngraosi darma lumaku | mobah mosik tan lyan saking | kawasanira Hyang Manon ||

37. Sabên prapta kuburing sakabat têlu | kèndêl aso sawatawis | sarwi uluk salamipun | manut turing jurukunci | pan tanpa kêris wus rawoh ||

38. Wusing aso sarta aring napasipun | ngrucat busananirèki | ngore rema praptèng dhêngkul | mung lancingan bênting nyamping | tatag têtêg ing pasêmon ||

39. Ki Sêraya wus miranti lingira rum | nêdha pantèn bismillahi | kantun saonjotan bagus | bismillah wawi kiyai | sampun minggah lampahnya lon ||

40. Saya rumpil pakewuhira kang laku | lamun nora tekat pati | sayêkti wangsul ing ngriku | kajawi pringganing margi | êmbuh-êmbuh kang rinaos ||

--- 2 : 5 ---

89. Gambuh

1. Wau ta sining gunung | rêsêrêspoh satêbah gêngipun | cacing kalung agêngnya sagaran arit | lintah maratah sajagung | pacêt agêngnya sajêmpol ||

2. Kumrêsêg swaranipun | mambêt ganda janma nêmbe rawuh | pacêt ingkang nèng godhongan samya nyênthing | milar nylorot lir udan wuh | rêrêspoh cacing nêlolor ||

3. Lintah pating jênggunuk | ayun ngroyok mring kang nêmbe rawuh | nanging datan ana kang prapta ing dhiri | mung kiwa têngên supênuh | anyirap pating talolor ||

4. Mas Cêbolang tan keguh | ngeca-eca dènnira lumaku | sampun prapta pucaking wukir waradin | kinubêng ing gurda agung | sawarnine kang nalolor ||

5. Wangsul ing unggyanipun | nèng godhongan ngalèwèr gumandhul | jurukunci (m)buka lawang cungkup sarwi | maca slawat mawa lagu | padupanira nyêrmomong ||

6. Prapta ing (n)daganipun | juru kunci lawan sang abagus | makidhupuh uluk salam nulya tahlil | bakda tahlil kimas minggu | panyuwunira binatos ||

7. Karamating ngaluhung | mirêng swara: jêbèng pamintamu | sun idèni aywa sumêlang ing ati | banjurêna ing sêdyamu | anutugakên lêlakon ||

8. Ki jurukunci ngungun | ngandikèng tyas sanyata linuhung | sajêgingsun angatêrkên lagi iki | ana swara kang karungu | cêtha tètèh kang wiraos ||

9. Kaliye mêdal sampun | kori cungkup anulya tinutup | Mas Cêbolang angubêngi gêbyog sarwi | ngrêsiki sarana rambut | têpung gêlang wangsul panggoh ||

10. Lawan Ki Sraya juru | wangsul maring pèkêrisanpakerisan. sampun | wusing ngrasuk busana tumurun aglis | sakeca ing lampahipun | tan ana winalang atos ||

--- 2 : 6 ---

11. Praptèng Nusupan dhusun | wus pinanggih lan santrinya catur | tanpa pamit lajêng dènnira lumaris | saking Purbalingga laju | tanpa kampir ngidul ngulon ||

12. Kèndêl ing lampahipun | aningali kanang toya mancur | udakara wêdale saêpring ori | anjog maring lèpèn agung | toyanya wêning anyarong ||

13. Kathah dyah ayu-ayu | samya ngangsu kandhêg andudulu | marang ingkang rarywan satêpining warih | wong lima kang siji bagus | sèlèh klênthing mlongo domblong ||

14. Mas Cêbolang duk dulu | kathah kênya anom ayu-ayu | pasang ulat sadaya pinanduk liring | kang kataman riwe kumyus | sliranya ge samya (n)dheprok ||

15. Anuding santrinipun | kinèn tanya arane kang dhusun | wus umentar kapanggih tatanya aris | (m)bakayu apuntênipun | kula kinèn atatakon ||

16. Ing riki raning dhusun | kang tinanya kagyat samya (n)jumbul | gêragapan sarêng dènnira nauri | dhusun Manut wastanipun | êtuk toya ingkang katon ||

17. Surawana puniku | wusing tanya ki santri gya wangsul | Mas CêbolongCêbolang. linggar anilari liring | mèsêm-mèsêm nulya laju | dyah ngangsu nulya wirangrong ||

18. Wau ta lampahipun | Mas Cêbolang lan santrinya catur | wanci Sang Hyang Arka mèh tumamèng wukir | ing ngarsa ana kadulu | kadi kaluwung kang anjog ||

19. Mring siti ngokop ranu | pinarpêkan sru eraming kalbu | dene umbul inggilira anglangkungi | watara nêm dhêpa langkung | tibaning we kadi jawoh ||

20. Ki santri gèdhèg muwus | bilah biyung dak kira kaluwung | jêbul banyu umbul anggayuh wiyati | Allah yèn karya piduwung | tan mantra kêna ginayoh ||

21. Mas Cêbolang wus ngutus | santri kinèn lumêbêt mring dhusun | angupaya sipêngan kalaning ratri | santri kalih mlêbêt dhusun | lawan kapalang wus panggoh ||

--- 2 : 7 ---

22. Hyang Surya wus sumurup | Mas Cêbolang tumamèng ing dhusun | kapanggihan kapalang aran Ki Dati | gupuh mapag jawi pintu | sasalaman gantos-gantos ||

23. Wusing salaman laju | malbèng wisma pinarnah nèng salu | Dati tanya anak kang asarju mampir | sintên sinambating arum | myang pinangka de lunga (n)don ||

24. Mas Cêbolang lon muwus | amahyakên nami sangkanipun | miwah minta pasipêngan mangke ratri | Ki Dati suka turipun | anak bagus ywa pakewoh ||

25. Sampun kang mung sadalu | nadyan pêndhak kula suka sukur | Mas Cêbolang mèsêm awacana manis | kalangkung panuwun ulun | riki pundi raning dhusun ||

26. Ki wisma lon umatur | dhusun Têmon Ki Dati ran-ulun | kapalange padhusunan Têmon riki | kang mêrtamu samya (n)dhêku | Ki Wisma parentah gupoh ||

27. Asasaji susuguh | wedang êsês gantyan ulam sêkul | wus lumadyèng ngarsa Ki wisma turnya ris | babo anak santri bagus | pun bapa atur susugoh ||

28. Sawontêne ing dhusun | mung lumayan jajampining lêsu | tamu miwah Ki wisma samya wawan ling | rahap anadhah pikantuk | bakdaning dhahar lêlêson ||

29. Ing wanci waktu Subuh | Mas Cêbolang myang santri kacatur | minta pamit jawat tangan gya lumaris | tan kantênan kang jinujug | yèn dalu rêrêm ing dhukoh ||

30. Praptèng Pancasan dhusun | myat balumbang tinêpi binatur | wiyaripun tridasa tindak pasagi | sadhadha lêbêting ranu | wêning lirap kinclong-kinclong ||

31. Sawusnya samya adus | linajêngkên wau lampahipun | praptèng tlatah Banyumas dhusun Kêmawi | anèng sukune kang gunung | Mas Cêbolang mancat gupoh ||

32. Santrinya atut pungkur | kathah sato samya tutut-tutut | kênthus kidang mênjangan tanapi kancil | (n)dêdêr prapta puncakipun | santri catur ting karênggos ||

--- 2 : 8 ---

33. Ing riku wontên watu | kadi lumpang saprangkul gêngipun | aran sela panji sintên kang kuwawi | anjunjung yêkti pikantuk | kanugrahaning Hyang Manon ||

34. Kadugèn kajatipun | santri papat gantya samya junjung | mung Nurwitri kang kuwawi sawatawis | Mas Cêbolang nulya junjung | wus kaangkat tan rêkaos ||

35. Catur santri sru ngungun | tan adangu anulya tumurun | mring Cilacap ingkang sinêdya ing galih | praptane lèpèn Sêrayu | damêl gèthèk amirantos ||

36. Pitaya pêngkuh bakuh | wus pitados tinumpakan gupuh | tan cinatur laminya ngambang nèng warih | praptèng Cilacap tumurun | saking gèthèk alon-alon ||

37. Ngêlangut lampahipun | Mas Cêbolang lan santrinya catur | langkung lêsah kèndêl dènira lumaris | nèng ngandhaping mandira gung | salingsire kanang dhukoh ||

90. Salisir

1. Mangkana kang winarni |Kurang satu suku kata: Mangkana ingkang winarni. kang adhepok nèng ngasrami | Arjabinangun wawangi | nênggih Jajanggan Naradi ||

2. Têmurun saking maladi | alêledhang nyangking kudhi | kagyat dènnira ningali | sor mandira ana janmi ||

3. Gupuh dènnya marêpêki | tundhuk gya asung pambagi | babo anggèr sadayèki | pun bapa anilakrami ||

4. Sintên sinambating wangi | myang pundi pinangkanèki | ngajêng kang sinêdyèng kapti | kadi lêlampah wus lami ||

5. Di-prasaja aja kumbi | tinêbihna sanggarunggi | awit karasa tyasmami | Mas Cêbolang ris turnèki ||

6. Ingkang sotah amastani | pun Cêbolang wasta mami | saking Sokayasa ardi | atmaja sang mahayogi ||

7. Sèh Akadiyat wawangi | mangkana Janggan Naradi | èngêt kalanira nguni | duk masih dumadya santri ||

--- 2 : 9 ---

8. Wasana aris lingira | bagus nguni ulun dadya | warga uwus satuhu dya | dumunung nèng Sokayasa ||

9. Anama Sèh Anggungrimang | wus umangun palakrama | Siti Wuryan èstrinira | kabar wus wawêka priya ||

10. Mas Cêbolang duk miyarsa | ngandikanira sang tapa | gapyuk angrungkêpiangrungkêbi. pada | saha matur wor karuna ||

11. Dhuh pukulun (ng)gih punika | ingkang ayoga kawula | Janggan Naradi mangkana | suka amarwata suta ||

12. Mas Cêbolang gya rinangkul | babo sutaningsun nyawa | bangêt (ng)gonku nora nyana | yèn kêtêmu lawan sira ||

13. Prasasat panggya pribadya | lawan ramanira kakang | miwah kangbok ibunira | ana ta padha raharja ||

14. Saking pandonga paduka | ibu miwah kangjêng rama | sami ginanjar raharja | lêstantun nèng Sokayasa ||

15. Sang wiku malih ngandika | ramakmu biyèn adarbya | panakawan kuncung papat | arampak gêdhene padha ||

16. Umatur Ki Mas Cêbolang | sarwi nolèh wurinira | lah punika kula bêkta | Saloka sêpuh priyangga ||

17. Palakarti Kartipala | Nurwitri sakawanira | kabèh padha mareneya | ngabêktia sang minulya ||

18. Wus ngabêkti gantya-gantya | Janggan Naradi ngandika | kulup payo maring wisma | kasuwèn nèng sor mandera ||

19. Dupi wus tamamèng wisma | sunggata sampun samêkta | mangunahe sang minulya | sabarang wus sarwa ana ||

20. Èh kulup sira mangana | sunggata saanarirasaananira. | langip tan darbe wanita | yêktine iya kuciwa ||

21. Pasunggata tan mirasa | kang sinung ling ngaraspada | nutug ngrahapi sugata | linorodkên santrinira ||

22. Apan dhahar nyanyamikan | simambisinambi. anginum wedang | Janggan Naradi ngandika | kulup ingsun atêtanya ||

23. ÊnggomuÊnggonmu. marene nyawa | apa dinuta ramanta | apa karêpmu priyangga | Mas Cêbolang tan ngandika ||

--- 2 : 10 ---

24. Tumungkul konjêm pratala | mangkana sang maha-tapa | alon pangandikanira | aywa uwas ing tyasira ||

25. Banjurêna karêpira | nuruti rudahing karsa | amung ta sira emuta | kalamun trahing utama ||

26. Upama pawaka ingkang§ Prayoginipun / ika / = punika. | kang lagi andadi murub | pinapas yêkti rêkasa | luhung ta kinèndêlêna ||

27. Têmbe lêmpêring pawaka | manawa nyarêngi mangsa | sirna rêrêgêd sadaya | katon adining kancana ||

28. Mas Cêbolang duk miyarsa | (n)dêngèngèk enggar tyasira | sang wiku malih ngandika | apa condhong lan karsanta ||

29. (ng)Goningsun asung saloka | kang sinung ling tan wacana | mung mèsêm sêmu kaduga | lah kulup padha asowa ||

30. Wus aso eca anendra | ing wanci êbyar raina | kang nendra tangi sadaya | maha wiku wus siyaga ||

31. Lah kulup payo ta mara | kakaring supaya dadya | undhaking kawruh utama | marang têpining samodra ||

32. Sadaya datan lênggana | Ki Janggan lumakyèng ngarsa | praptèng tanjung Congot nama | tuwin maring Pandhanarang ||

33. Saking Pandhanarang sigra | maring têpining samodra | baita kolèk wus mrantya | kang nglampahkên kalih jalma ||

34. Janggan myang tatamunira | wus tumamèng ing baita | tan pantara dangu prapta | Limusbuntu raning guwa ||

35. Tumurun saking baita | majêng mangetan kang guwa | amarêki kang wiwara | sadaya tumamèng guwa ||

36. Ing lêbêt inggil tur wiyar | anon padhas dhapur wisma | pringgitan miwah pêndhapa | kadya ingukir kanaka ||

--- 2 : 11 ---

91. Pangkur

1. Sela pêthak mubyar mêmplak | pan ingukir pindha wiwiron adi | pinatra kinêmbang mungguh | rêmit aparipurna | Mas Cêbolang matur tatanya sang wiku | nama myang kang darbe tilas | sang wiku ngandika aris ||

2. Limusbuntu raning guwa | caritane duk jaman Buda nguni | kene kêdhatoning diyu | wus tamat dènnya miyat | mijil saking guwa mring têpining laut | aran Sagara Anakan | samya numpak kolèk malih ||

3. Kèndêl pongot toyanya pan§ Prayoginipun / Ing Congot toyanya pak. / kadosdene kasbut Pupuh punika, pada 30 gatra 4. | datan dangu wangsul baita malih | Karangbolong kang jinujug | prawata sela pêthak | ngongkang-ongkang anglojok ing Laut Kidul | dènnya kèndêl mung sakêdhap | wangsul mring baita malih ||

4. Mancal maring masjid sela | duk dumugi ing Ujungalang nami | cinancang baitanipun | minggah maring pajagan | griya ingkang dumunung sanginggil laut | babanjêngan ingkang wisma | sinasak nam-naman dêling ||

5. Kang dadya pangupajiwa | amiyasa ulam lan damêl trasi | dera non wus kêmput gadhug | anulya wangsul sigra | numpang prau lajêng maring masjid wau | praptanira masjid sela | baita cinancang aglis ||

6. Sadaya wus samya lênggah | masjid sela mangetan adhêpnèki | pêthane lir Limusbuntu | kaot korinya wiyar | pêthane kang pangimanan moncol bagus | pawèstrèn myang padaringan | bothèkan linêkok rêmit ||

7. Wontên kadi kênong gangsa | langkung kathah warni kadi têmbagi | atanapi mawi sumur | gambar sirah waraha | pan ing riku wontên pakuburanipun | Mas Cêbolang lon turira | sintên kang sumare ngriki ||

--- 2 : 12 ---

8. Janggan Naradi lingira | kacarita ing nguni ana santri | tirakat aran si Ayub | nèng masjid nulya pêjah | ingkang darbe rarêksan dupi andulu | lamun si Ayub palastra | wusing binarsihan nuli ||

9. Pinêtak kene kewala | êmbuh ingkang adarbe ahli waris | payo kulup padha mêtu | sadaya sampun mêdal | mring baita tambang inguculan sampun | lêpas lampahing baita | sampun prapta ing gigisik ||

10. Kèndêl baita cinancang | manjat maring ardi nama Ciwiring | sapraptanira ing pucuk | samya majêng mangetan | kawistara pêthane kang pulo Bandhung | Mas Cêbolang lon turira | pulo kang katingal ngarsi ||

11. Angêngrêng wingit kawuryan | lir kinurung wangkawa ngrêspatèni | iku kulup kawruhanmu | ing pulo Bandhung tiga | panggonane Sêkar Wijayasumèku | kang rumêksa pêksi Bayan | sajodho datan na luwih ||

12. Sajêge tan lunga-lunga | caritane duk jaman purwa nguni | nalika Pandhawa ayun | manjing mring kasampurnan | midêring rat Bathara Krêsna tan kantun | samarga-marga rêrasan | arja patitising pati ||

13. Dupi prapta têpining kang | Laut Kidul Sri Krêsna matur maring | ari Judhisthira Prabu | dhuh mugi mangèstuwa | sêdya ulun Sêkar Jayakusumèku | arsa sunlabuh samangkya | ing tasik inggih manawi ||

14. Dadya tandha papawitan | têmbe nadyan wus anèng ing jaladri | kenging pinintanan èstu | usadèng duhkitèng tyas | yayi benjing taksih sagêd atutulung | sang aprabu Pandhuputra | umatur langkung njurungi ||

15. Nulya sagung para nata | para ari tumindak marêpêki | anèng satêpining laut | atap kacaryan miyat | rêsmining kang ranu nuju gênging laut | sarah-sarah tiningalan | panthan lir tinata asri ||

16. Sang Aprabu Krêsna sigra | ngampil Sêkar Wijayakusumadi | sawadhahira tan kantun | linabuh ing samodra | sarwi sinangenan pangandika arum | èh èh Wijayakusuma | muga tuwuha sirèki ||

--- 2 : 13 ---

17. Nèng samodra dumadia | pawitane wuri kang madêg aji | mêngku rat Jawa sêwêgungsawêgung. | ri wusnya pinojaran | karsèng Dewa gya banjur tuwuh têtêlu | saka wadhah tutup kêmbang | lah iku purwane nguni ||

18. Katêlah têkèng samangkya | lamun ana narpati kang mandhiri | amêngku rat Jawa banjur | utusan pra ngulama | amunajat nèng sajroning pulo Bandhung | undure lamun wus angsal | konjuk sri nata pribadi ||

19. Matur malih Mas Cêbolang | anjawi kang Wijayakusumadi | punapa malih linabuh | sang Janggan angandika | ana manèh ananging nora linabuh | padha pinundhut Jawata | Naraddha ingkang tinuding ||

20. Krêsna sakadang Pandhawa | duk ngalêmpak anèng Ngastina nagri | pirêmbagan tamtunipun | tumamèng ing pancaka | Hyang Naraddha cêmlorot saking aluhur | niyup praptèng panangkilan | sagunging para narpati ||

21. Gupuh tumurun manêmbah | Hyang Naraddha pangandikanya aris | dhuh sri nata yoganingsun | kabèh kawruhanira | ingsun iki tinuding Hyang Suksma Luhung | kinèn amundhut Cakranta | lawan panah Cundhamani ||

22. Karone iku wus mangsa | padha mulih marang ing suwarga di | marga sira samya ayun | ngancas sampurnèng pêjah | wruhanira babo karo yoganingsun | kang mangka bancanèng pêjah | yèn maksih anon kakalih ||

23. Kasuran miwah katrêsnan | ingkang asih sisip ciptanta kaki | yèku dirgamaning lampus | puwara aru-ara | kuwur-kuwur riribêd ngribêdi kalbu | nêmahi amaro tingal | tan tumanêm ing tyas êning ||

24. Ngalih-alih ngalam-alam | keran-keron ing cipta mindho kardi | wêkasan kapiran kulup | labêt kewraning manah | di patitis titikan aja kalèru | kalawan dèn-kawruhana | santosaning jaman pati ||

25. Datan liyan amung ana | pangadiling ciptanira pribadi | wisaning cipta puniku | tan liya uwas-uwas | dadya sêmang-sêmang

--- 2 : 14 ---

pangadilirèku | lamun kongsia mangkana | ing wardaya têmah gingsir ||

26. Dipun-ngati-ati poma | wruhanira dhuh yoganingsun sami | rèhning kasampurnan iku | tan ngaping kalih karya | luput pisan kêna pisan dipun emut | yèn wus sirna saking donya | tan bali babakal malih ||

27. Jêr wus tinutup dening Hyang | iya iku sampurna ing ginaib | sadaya kang samya ngrungu | lingnya Rêsi Naraddha | dahat ajrih (n)dhêku awor sêmbahipun | Sri Krêsna ngaturkên sigra | Cakra lawan Cundhamani ||

28. Wus cuthêl caritaningwang | payo kulup prayoga padha mulih | marang ing Arjabinangun | kang sinung ling manêmbah | santri papat tansah umiring nèng pungkur | sapraptaning padhepokan | wus gumlar sugatanèki ||

29. Kulup iki kabênêran | paringing Hyang satuhu murah asih | marang ing kawulanipun | lah mara padha dhahar | Mas Cêbolang gya bukti langkung pikantuk | wus dumugi cinarikan | santri papat sarêng bukti ||

30. Cèplês tan mawi lorodan | sarwi nikmat sadaya kang binukti | èh ta kulup kawruhanmu | ing Congot toyanya pak | Karangbolong arga Ciwiring ing besuk | kadunungan wong amanca | saking nagri Ngatasangin ||

31. Iku ujare kang jangka | (m)buh nyatanya luwih karsaning Widdhi | Mas Cêbolang langkung nuwun | manêmbah ris turira | paran margi griya-griya samya suwung | rajakaya ting salêbar | datan wontên kang ngopèni ||

32. Ki Janggan aris ngandika | wus adate kalamun amarêngi | angin saka kulon kidul | wong sanagri Cilacap | padha ngili tilar bale wismanipun | wit akèh ingkang lêlara | brêkasakan andhatêngi ||

33. Gêgodha (m)bedhung ngrêncana | tan na tahan dumadi padha ngili | mulane siwayèng-ulun | mêngko sira mangkata | nora pisan si bapa babasan nundhung | têmbunge nora kainan | sumingkir saka bilai ||

--- 2 : 15 ---

34. Cêbolang matur sandika | santri papat miris duk amiyarsi | marinding gigithok mungkruk | tyas anggung tarataban | sang Jajanggan mèsêm angandika arum | kabèh aja ana maras | kang têtêg pitayèng Widdhi ||

35. Wis kulup sira mangkata | wêkasingsun mêtumu saka panti | lawan rencangira catur | (n)dhingina sikil kiwa | pitung tindak aywa nolèh anèng pungkur | manêmbah matur sandika | angabêkti ganti-ganti ||

92. Maskumambang

1. Sampun mijil kadi mas timbul ing warih | alon lampahira | mituhu wêling sang rêsi | wusing antuk pitung tindak ||

2. Mas Cêbolang tumênga miyat wiyati | wanci sampun pajar | dahat kacaryaning galih | ngandika mring santrinira ||

3. Èh Saloka iki ana tanah ngêndi | adhême kalintang | rasane kaya wong ngimpi | apa isih nèng Cilacap ||

4. Ki Saloka lingak-linguk tan bisa ngling | tuwin Kartipala | Palakarti myang Nurwitri | sadaya tan ana ngucap ||

5. Byar raina Sang Hyang Bagaspati mijil | tandya eraming tyas | têka nèng anggraning wukir | mangalor anon samodra ||

6. Lamat-lamat we-ne kang jaladri Jawi | miyat ngering nganan | wimbuh sêngsêming panggalih | nèng têpi umbul we maya ||

7. Mudaling kang we umbul agêng nglangkungi | datan pati têbah | ana kuburan sawiji | kayoman witing mandera ||

8. Tan petungan wanara agêng myang alit | nèng panging mandera | Nurwitri umatur aris | pun bapa asring carita ||

9. Tanah Kêdhu sirah Praga nama Jumprit | êtuking kang toya | kajawi umbul kaèksi | wêdaling we saking guwa ||

10. Samya piyak tatela tuk kang ngagêngi | saking jroning guwa | nulya na jalma lumaris | murugi kang ribêd ing tyas ||

11. Anyêlaki saha ngaturi pambagi | (ng)gèr sintên sinambat | myang pinangka saking pundi | katêmbèn ulun pinanggya ||

--- 2 : 16 ---

12. Kang tinanya amangsuli kula saking | ing tanah Cilacap | tiyang sakawan puniki | (ng)gih rencang kula sadaya ||

13. Kula nyuwun sasêrêpan mring kiyai | ingriki punika | winastanan tanah pundi | lan sintên kakasih para ||

14. Anggèr tanya punika tanah ing Jumprit | sukuning Sundara | tlatah Kêdhu nama mami | kenthol Gupita kang dadya ||

15. Palawangan bilih wontên kang nênêpi | saèstunya têbah | Cilacap prapta ingriki | datan dumugi sapasar ||

16. Mas Cêbolang anggarjita jroning galih | Naradi sanyata | linuwih samining janmi | nêm ari sadalu prapta ||

17. Wasana ngling kula anyuwun pawarti | paran mulanira | de dados panêpèn ngriki | Ki Gupita gya carita ||

18. Jaman kina wontên satunggiling janmi | nama Jumprit gadhah | mala tan limrahing janmi | manggèn pinggir lèpèn Praga ||

19. Wus ambadal sakèh usada tan mari | rumaos nir deya | satêmah mupus ing ati | narimah takdiring badan ||

20. Puwara mung nalangsa marang Hyang Widdhi | supe nadhah nendra | anuju lingsiring ratri | sidhakêp asuku tunggal ||

21. Amêjahi babahan nawahawa; babahan hawa songa. sangèki | ngêmpalkên kaanan | pamoring kawula-Gusti | mirêng swara lamat-lamat ||

22. Ingkang botên kapirêng saking ing kuping | nanging asarana | cipta sasmita linuwih | ujaring swara mangkana ||

23. Èh ta Jumprit manawa sira kapengin | waluyaning roga | anungsunga kali iki | yèn wis katêmu sirahnya ||

24. Banjur sira adusa ingkang barêsih | dhêdhukuha pisan | nèng kono salaminèki | amêsthi laramu sirna ||

25. Lan jênêngmu pasthi kocap sajêgnèki | dupi gagat enjang | tan darana Kyai Jumprit | lajêng wisata sumêdya ||

26. Anglampahi wangsiting Jawata luwih | datan dangu prapta | ing laking lèpèn Pêragi | dumunung guwa punika ||

27. Tan darana lajêng (ng)gêbyur Kyai Jumprit | dahat asrêpira | babalung lir dènlolosi | rèh adrêng ayun waluya ||

--- 2 : 17 ---

28. Srêping toya pindha Kamandhanu warih | ing tanah Pulimat | dangu dènnya anèng warih | Kyai Jumprit nulya mêntas ||

29. Ngunguning tyas lupa lêsu lungkrahnya nir | pêra raganira | tan ana antawisnèki | yèn mêntas anandhang roga ||

30. Pan katêlah dadya nama Praga kali | dumugi samangkya | toya tuking lèpèn Pragi | taksih darbèni kasiyat ||

31. Yèn dèninum raosipun tuntung lêgi | tuwuk tanpa nadhah | damêl kiyat saranduning | têmah angêjur têtêdhan ||

32. Kinarya dus pêra raganipun yêkti | tungtum balung rêngka | kêngkênging otot nambahi | anyêgêrakên sarira ||

33. Manawi mukaramah kalawan takdir | èstu enggal saras | kaol kang carios nênggih | awèt anèm umur panjang ||

34. Sami ugi siram Kamandhanu warih | dlomoking wirayat | sumanggèng karsa kang myarsi | mung ngluluri criyos kuna ||

35. Amangsuli cariyosnya Kyai Jumprit | sarêng wus waluya | lajêng adhêdhêkah riki | nèng wetan tuking Paraga ||

36. Olah tani sinambi amanguntèki | yèn dalu mêmuja | (m)bêg darma sih ing sasami | utama sabda sarkara ||

93. DhandhanggulaTeks asli: Sarkara/Dhandhanggula.

1. Lami-lami kawêntar Ki Jumprit | ing manca-pat myang liyaning praja | bilih katrimah dongane | kathah janma angluru | anyunyuwun mawarni-warni | tulak tumbal sarana | isarat sêmpulur | panggêsangan kasugihan | kadlajatan kamulyaning donya akir | tan ana kang katulak ||

2. Kathah ingkang kalajêng tan mulih | tumut dhadhêkah nèng sirah Praga | lajêng dados dhusun gêdhe | Ki Jumprit duk rumuhun | ngingah kêthèk satunggal nami | pun Dipa gêng sajalma | anjilma satuhu | mangrêtos ing saniskara | kaot botên sagêd wicantên lir janmi | Ki Jumprit langkung trêsna ||

--- 2 : 18 ---

3. Kalampahan tinimbul winisik | ngèlmi pangawikan panitisan | dêlalah pun Dipa kêthèk | sadaya wulangipun | Kyai Jumprit sagêd nampèni | kenging binasakêna | kalih tunggilipun | manawi wontên dhatêngan | minta sarat Ki Jumprit tan ana panti | tinampèn Kyai Dipa ||

4. Datan pae lan paringe kyai | Lami-lami pun Dipa wanara | Kyai Dipa sêbutane | dupi Ki Jumprit lampus | gya kinubur ing sacêlaking | êtuk Praga punika | nèng sor mandira gung | Ki Dipa tan kesah-kesah | saking ngriku muhung nênggani kuburing | bandara kang wus lena ||

5. Apitêkur nèng panging waringin | kêthèk wanan kathah ingkang prapta | suyud angratu anggêpe | samya anyuhun-nyuhun | saking adil paramarta sih | (m)bêg darma bijaksana | lir critaning dangu | narpati wre Sri Sugriwa | lulus ngantos sakpriki kang madêg aji | turunipun Ki Dipa ||

6. Mas Cêbolang miwah catur santri | langkung suka miyarsa carita | paman (n)dika lajêngake | criyose Dipa Prabu | kadiparan têkèng sakniki | Ki Gupita lingira | nênggih kang kêsêbut | ing criyos kang madêg raja | sapunika Kanjêng Kyai Dipa lagi | tumêdhak kaping tiga ||

7. Nadyan sampun tumurun kaping tri | saking Jêng Kyai Dipa sapisan | datan ewah mangunahe | mênggah jalaranipun | sabên ingkang jumênêng aji | wus kadhatêngan bangas | tandha ayun surud | lajêng animbali putra | kang ginadhang (ng)gêntosi jumênêng aji | dipun ajak uminggah ||

8. Dhatêng pucaking Sundara wukir | wontên pucak kang putra winêjang | ing ngèlmi umadêg rajèng | myang saniskaranipun | pangawikan sampating wangsit | lajêng mancolot marang | ing kawah alabuh | tumangan yitmaning nata | kacariyos dados seta kêmpal malih | lan Ki JumpriiJumprit. minulya ||

9. Putra kang wus anampèni wangsit | gya tumurun marang ing mandira | wanara kèh panganggêpe | tan pae lan kang surud | wus tinakdir jaman samanggkinsamangkin. | titiyang sampun suda | ing pangandêlipun | mring kaelokaning dewa | satêmahing tan

--- 2 : 19 ---

ngêrtos dhatêng basaning | sato lir jaman kina ||

10. botên sagêd sami anampèni | cipta sasmitane Kyai Dipa | mung kajawi kula anggèr | pramila kang samya yun | amiminta bêrkah (n)jêng kyai | anyuwun palarisan | rêjêki sêmpulur | pangasihan panglulutan | kasugihan kadlajatan myang indhaking | ing pangkat kaluhuran ||

11. (n)Jujugipun dhumatêng ing kami | sarananya mawi sajèn pisang | rajatalun kang ajêne | sêdhah wohan rum ayu | mênyan madu wawrat satail | artanipun saprapat | miwah têmbenipun | kalamun wus kalêksanan | angaturi dhahar tumpêng panggang pitik | wowohan warna-warna ||

12. Lah punika caritane nguni | mung sadrêmi kawula sumangga | Mas Cêbolang lon dêlinge | langkung panuwunulun | paman asung carita yakin | rèh dumugèkkên lampah | lilanana ulun | Ki Gupita mêndhak-mêndhak | kaparênga anggèr mampir wisma mami | kang êmbok wus sadhiya ||

13. Sampun nanggêl sae benjing-enjing | karsa paduka (n)dugèkkên lampah | Cêbolang alon dêlinge | langkung panuwunulun | pasihanta mring kang kaswasih | andhêku Ki Gupita | sumangga nak bagus | ulun jumurung raharja | sasampuning sasalaman gênti-gênti | linggar saking Paraga ||

14. Sampun lêpas lampahira prapti | ardi alit-alit gumuk kathah | kadi kukusan dhapure | wontên kang alit bulug | ngilak-ilak mung katang wilis | ngrêmbaka lêma-lêma | nèng sêlaning watu | siti padhas sela kathah | amung arga sajuga pucakirèki | ana witing mandira ||

15. Sakawan wit agêngira sami | angayubi kanang gênthong sela | isi satêngah toyane | wêning asrêp kalangkung | Mas Cêbolang sarowangnèki | raywan nèng sor mandira | nèng têpining ranu | miyat kuda langkung kathah | anjrah anèng gumuk ngrênggut katang wilis | mawèh sêngsêming driya ||

16. Wusing wanci anggiring turanggi | punang kuda minggah mring aldaka | ayun ngombe lir adate | wasana samya wangsul | rare angon samya murugi | apa kang dadya sabab | kudanira

--- 2 : 20 ---

wangsul | dupi wus prapta ing pucak | miyat jalma gangsal kang sajuga pêkik | ana padon sajuga ||

17. Mantuk marang dhusun sung upêksi | ing ki lurah Ki Lêbdaswaninda | sawuse tampi ature | adan umangkat gupuh | sampun prapta ngandhap waringin | Swaninda sung pambagya | dhuh risang binagus | teja-teja sulaksana | tejaningkang wong sigit nêmbe kaèksi | wingking pundi pinangka ||

18. Lawan sintên sinambat ing kasih | Mas Cêbolang (n)dhêku lon ngandika | babo rama pambagene | kalangkung-langkung nuwun | ulun saking Cilacap nagri | anama pun Cêbolang | èstu santri kluthuk | ngaluyur nuruti manah | tanpa sêdya nêting tyas kang tinutwuri | mèsêm Lêbdaswaninda ||

19. Wacana ris anggèr saupami | kuda turunan pancèn tumpakan | lan momotan panci sanès | gambar polatanipun | anêrusi ciri prayogi | pamintane pun bapa | pinarêngna kalbu | karsa kampir wismaningwang | muhung luthung ngakên tiyang sêpuh ugi | Cêbolang duk miyarsa ||

20. Garjitèng tyas baya iki luwih | de katitik patrape atata | kawistara wicarane | wasana ris umatur | ing sakarsa ulun umiring | lêga tyasnya Ki Lêbda | linggar sadaya wus | saking ngandhaping mandira | turut marga tan kêndhat pitakènèki | Swaninda acarita ||

21. Karsa dalêm jêng sultan Mantawis | ulun tinanêm dumados lurah | wontên Margawati rêke | gunggung siti wolung jung | paos êpak wallan tan kenging | nama Lêbdaswaninda | de pakaryan muhung | manawi wontên pundhutan | kapal agêm titihan dalêm sang aji | miwah panarik rata ||

22. Tan lyan wêdalan ing Margawati | Mas Cêbolang alon atêtanya | kadiparan darunane | de pinilalèng ratu | wujudipun kathah kang alit | e makatên anakmas | mênggah sababipun | warni pantês burus ing tyas | tur yuwana kuwat tahan ing sasakit | kèh panjang umurira ||

23. Awit saking karamatirèki | kênthèng kang anèng ngandhap mandira | punika pangombènane | sabên ari dèninum | sakèh

--- 2 : 21 ---

kapal toyanya maksih | pan botên asat-asat | punika nak bagus | ingkang dumadya jalaran | warna pantês kuwat tahan ing sasakit | tyas burus tur yuwana ||

24. Sêrap surya praptanirèng panti | kyai wisma ngacaran alênggah | anèng ngambèn sadayane | sugatanya lumintu | Mas Cêbolang rahab ing galih | myang santrinira papat | tan na sigansigunsigan-sigun. | Ki Swaninda (m)bujakrama | amanggihi Mas Cêbolang tanya malih | nglajêngakên bab kapal ||

25. Saban kapal wijil Margawati | punapa (ng)gih kenging tinamtokna | kalamun pasthi pênêde | Lêbdaswaninda (ng)guguk | botên bèntên kalawan janmi | mawi ngèlmi wirasat | ciri wastanipun | ciri inggih nyêng-unyêngan | miwah ulês ingriki panitiknèki | awon saening kuda ||

26. Mas Cêbolang ngangsêg turira ris | dhuh kiyai sajêg ulun gêsang | dèrèng uninga yêktose | bilih kapal puniku | won sae wontên ing ciri |Kurang satu suku kata: awon sae wontên ing ciri. mugi amarêngêna | anggêlarkên tutur | awon saening turangga | saha malih paduka sampun akrami | dhumatêng ing kawula ||

27. Pintên banggi pangangêpingpanganggêping. galih | kadiya mring atmaja priyangga | dhasar sêpuh kèh kawruhe | ulun tuhune punggung | botên lamis tur kula Kyai | Ki Lêbda duk miyarsa | liringe kang sêmu | ujar wantah tan lamisan | èh ta kulup aja kurang pangaksami | wong tuwa nungkak krama ||

28. Ingkang mêsthi nyêng-unyêng turanggi | cacah sanga siji aran cêthak | prênah ana ing têngahe | mata loro puniku | cacah loro nèng buri kuping | mathi iku arannya | baurêksa iku | uga loro nèng andhêman | kiwa têngên palintangan uga kalih | angapit wudêl kuda ||

29. Ganêpe sanga pudhak kakalih | ngarêp pupu gung ing kering kanan | lamun kurang siji kuwe | Sonyata karanipun | yêkti ala yèn luwih saking | sasanga ana ala | ana bêcikipun | tur ciri iku akathah | barang ingkang sumêlap puniku ciri | irêng abang putihnya ||

--- 2 : 22 ---

30. Upamane awaking turanggi | kabèh wulu yèn ana unyêngan | iya saênggon-ênggone | sumêlap mungsêripun | yêkti kêna ingaran ciri | sami lan gèthèk bêlang | lêkok saminipun | ciri lan unyêng-unyêngan | pênèt sami basane sinilih-silih | amrih dhanganing krama ||

31. Lamun ana mathining turanggi | katutupan wawarung (ng)gènnira | iku mathi satuhune | yèn ana mathinipun | kuda ingkang kaparèng wuri | rubuh karna namanya | awon watêkipun | yèn aprang kêna ing cidra | kang anitih kapocot ing mungsuh kêni | sayêkti sininggahan ||

32. Lamun unyêng-unyêngan kudèki | munggèng gulu gorokan pan ala | lamun unyêng-unyêngane | ing têpak-sujèn têrus | kang sayêkti ala pinanggih | lamun unyêng-unyêngan | pêpêkan (ng)gènnipun | nênggih kalabang pipitan | apan awon yèn ana ing sanggawêdhi | Dhèndhèng-wong yêkti ala ||

33. Lamun ana ing nglambung namèki | pan barancuh sayêktine ala | yèn anglajur panggonane | anurut buntutipun | Lintang-sarat ala pinanggih | lamun unyêng-unyêngan | ênggonne ing bathuk | anaraju tur têtiga | nênggih Jaga-muksa puniku pan bêcik | yèn ana ciri (ng)gènnya ||

34. Papasu pan Tadhah-luh sayêkti | yèku ala ngajarkên karuna | yèn ciri munggèng uwange | Kêmil ala tinêmu | lamun tênggok ênggonning ciri | apênêt tur sugihan | nênggih kang angingu | yèn ciri anèng gantangan | tuhu ala tur ta angadohkên ati | tan pantês ingingua ||

35. Lamun ciri sukune kang wuri | pan Bêndana-katututan ala | yèn ta bêlang pupuruse | tan ana têrusipun | bêlang wake nora nimbangi | Dhudha-karêm namanya | awon watêkipun | yèn ciri suku ing ngarsa | Arja-dumuk pakolèh ginawe jurit | ngênakkên nora kêna ||

36. Yèn ambujung bisa anututi | yèn binujung nora katututan | senapati (ng)gon-anggone | miwah mantri panganjur | yèn jêjêngku ênggoning ciri | yèku Tinimbang-ngarsa | ala watêkipun | kang ngingu wadon tyasira | lawan agung kasangsaya (m)bilaèni |

--- 2 : 23 ---

angilangakên arta ||

37. Lamun wêtêng ênggoning kang ciri | Baya-ngangsar puniku pan ala | tan pantês kanggo ing gawe | yèn ciri lambenipun | kang ing ngandhap puniku bêcik | karya ayuning tingkah | lamun buntêl siyung | Kala-mandhukul arannya | kang angingu tawêkal dadi wong lanji | naratab maring rayat ||

38. Lamun ciri lambene ing nginggil | Sampar-wacana puniku ala | yèn ciri anèng gêgêre | sêring kakapanipun | kalinggihan yèn dèntitihi | Kala-jojog pan ala | panas watakipun | yèn ciri anèng bokongnya | anrus jubur Kêlabang-anglèng tan bêcik | panas maring sarayat ||

39. Yèn jêjalak ênggonning kang ciri | bêbênêman upas pasthi ala | miwah yèn ciri sukune | kang kiwa ingkang ngayun | yèn ing têngên sikile wuri | lamun ingangge karya | bongkok watêkipun | yèn ciri lambunge kiwa | trus ing têngên mung wong kapêtêngan ati | kang pantês angganggoa ||

40. Yèn ingangge liyane wong maling | yêkti ala sayêkti gêringan | yèn luhur jêngku cirine | Tandha musthikanipun | yèn ingangge amangun jurit | watêke kang anunggang | kèdêg sirahipun | marang kudane priyangga | yèn na ciri kasaban ambên tan bêcik | lêksanane panasan ||

41. Yèku namane Kala-kapipit | lamun ciri sangisor talingan | Dhandhang-susuwêng namane | panas pakolèhipun | yèn pok kuping Dhandhang-susumping | lamun lêpat upama | sanyari (ng)gènnipun | Dhandhang-ringan-ringan ala | ing watêke yèn andhêman wutah ati | angkêr watêking kuda ||

42. Lamun ana mathine sasisih | Sonyantaka lamun ingangge prang | tan wande anjungkêlake | yèn ciri pipinipun | ingkang kiwa aranne Kêmil | ala ngurudi arta | marang kang angingu | yèn ing lambe ênggènnira | yèku Kurès ala sêring angêlongi | kang ngingu artanira ||

43. Lamun ciri tan kasaban kuping | Sangkala-kalung sayêkti ala | yèn ciri munggèng uwange | iya Biru-tinukup | lamun uwang ingkang sawiji | tan kèdhêp maring rowang | nênggih

--- 2 : 24 ---

watêkipun | pan ciri angalih basa | basanipun unyêng-unyêngan sinilih | mring dhanganing sri nata ||

94. Sinom

1. Yèn ana unyêng-unyêngan | munggèng cacangklakanèki | sangêt alane kang nunggang | tan wun katiban tatali | yèn ana suku wingking | sasisih ran Brananipun | pênêd adoh ing baya | kang ngingu olèh basuki | lamun ana kalih sukune ing ngarsa ||

2. Ala watêking turangga | yèn suku ngarsa satunggil | Sandhung-sawa arannira | rahayu kangge ing jurit | yèn kasasaban ing kuping | andêlèrèh pasangipun | ala tan wun ingucap | kang ngingu kang anitihi | lamun unyêng-unyêngan gulune kiwa ||

3. Anênggih watêke panas | yèn gulu têngên (ng)gonnèki | lêksanane gawa wirang | yèn kasaban rambutnèki | awon watêke asring | tutukaran nuli atut | lamun kalih bathuknya | Baya-kapranggul tan bêcik | ingkang ngingu asring nêmoni babaya ||

4. Yèn ana unyêng-unyêngan | gumantung ana ing kuping | puniku Dhandhang-sasêngkang | awonne angrungu warti | warta sikara budi | lamun ana ing jêjanggut | Sirtimang arannira | rahayu marahi bêcik | kang angingu santosa manggih wibawa ||

5. Lamun kêpipit ing pukang | Kêndhit-lawètnya namèki | awon lêksananing kuda | kang ngingu anggung prihatin | yèn suku kalih wuri | ginawa prang kênèng mungsuh | yèn suku siji ngarsa | nèng têngên panggonannèki | Dara-makap yèn ginawa prang kacandhak ||

6. Yèn sukune kiwa ngarsa | pênêd ginawa ngajurit | binujêng datan kacandhak | yèn ambujung anututi | lamun cangklaknèki |Kurang satu suku kata: lamun cacangklaknèki. sangêt awon watêkipun | yèn anèng gogorokan | kakalih namanirèki | Gondhang-mala nora bêcik nora ala ||

7. Yèn ing gulu marang jaja | Raja-wahana pan bêcik | tutunggananingtutungganganing. narendra | yèn ing wêtêng prênahnèki | Tuwak arannirèki | tan bêcik tan ala iku | yèn kawêt ênggènnira | Sangkala-kawêt tan bêcik | lamun ana clakuthikan ênggènnira ||

--- 2 : 25 ---

8. Ing wuri kalih ênggènnya | Andha-saya nora bêcik | yèn suku ngarêp (ng)gènnira | Andha-mastaka tan bêcik | lamun pukang kapipit | Galingga-nastra ranipun | awon lêksananira | yèn ngajêng ambênanèki | yèku Sujèn-ucap rahayu ing karya ||

9. Yèn ing ambênan (ng)gènira | Kala-kapipit tan bêcik | tiwas inganggoa aprang | lamun suku ingkang wuri | cakêt wadidangnèki | luhuring jaja (ng)gènnipun | kang ngingu kacurnan |Kurang satu suku kata: kang angingu kacurnan. lamun ana ing susuri | watêk panas kang ngingu agung kalaran ||

10. Yèn titiga suku (ng)gènnya | awon watêke kang nitih | tiba satêngahing karya | yèn ing jajalak (ng)gènnèki | Tonggèng-toya tan bêcik | gêringên ingkang angingu | tumular sabarayat | têkèng ingon-ingonèki | tatanggane kabèh padha katularan ||

11. Gantya ingkang cinarita | sarupaning para ciri | kabèh awaking turangga | ingkang katularan sami | kabèh amratandhani | liya nyêng-unyênganipun | saranduning turangga | gèthèk bêlang lêkok dhêkik | yêkti mawa wêwatêkaning turangga ||

12. Yèn bêlang ilate ala | bokong pesok datan bêcik | angurut-uruti karya | yèn palawanganing suri | tuwang pan nora bêcik | yèn cupêt susurinipun | adoh nora kasaban | kalamun dènkakapani | awonipun kang ngingu tamtu repotan ||

13. Yèn mêndhukul gigir (ng)gènnya | satèmpèl pan nora bêcik | iku mêngakakên baya | pinrih ing mungsuh agampil | pancal gêgilitanèki | lawan katunon tan patut | kang ngingu kasarakat | yèn Bramara-lêbu-gêni | puputihe netra kapalêtuk abang ||

14. Pan awon lamun wong wajar | apan na barang pakarti | amung wong pandhe ngingua | kêmasan wong sayang sami | kalawan wong akundhi | liyane tan pantês ngingu | yèn nguyuh (ng)gêrêng ala | Durga-ngantu milalati | anrus panas sapa nguwuh katularan ||

15. Anggêringakên têtangga | wèh malarat kang anyandhing | pantêsnya amung pinurak | nora pantês dèningoni | yèn kuda dènparani | dhadhangkak kadya anguyuh | puniku Durga-(n)dhangak | panasan pan nora bêcik | Durga-ngawe yèn

--- 2 : 26 ---

nguyuh sikile mêngkap ||

16. Panas tan pantês ngingua | yèn nguyuh uyuhe malih | yèku Durgapamanggahan | nora patut dèningoni | mung sinèmbêlèh bêcik | asile mung dagingipun | lamun netrane kuda | wawayangane ambalik | Gondrèng-ngilo iku kuda sêmbêlehan ||

17. Yèn pugag jêjompongira | panas watêke turanggi | ingaranan Watangpugag | yèn bêlang puruse nênggih | Tumpêr-ingas tan bêcik | agêringan kang angingu | yèn lêkok bokongira | Kala-luwang nora bêcik | yèku panas ingkang ngingu agêringan ||

18. Yèn na jaran angipanas | yèn agung angêngosodi | ing jajalang iku panas | yèn pancal padha kang warni | suku ngarêp lan buri | ala ing lêksananipun | yèn nuju jêng-ajêngan | dumadak tiba kuwalik | lamun ana kuda mulir tinitihan ||

19. Buntute angulêr-kilan | Pancal-anjot-sêmang-gêrit | ala marahi gêringan | kang ngingu myang anak rabi | prayoga disingkiri | yèn perot wadananipun | siyunge iku ala | yèn ana dosane cilik | dumadakan saya wuwuh dosanira ||

20. Yèn Pancal gêl-ugêlira | munggèng sukune kang wuri | Pancal-katunu pan ala | kacurnan ingkang anitih | yèn papak sukunèki | yèku Pancal suku panggung | bêcike pan akêkah | sabarang pakaryanèki | lamun ana putih sukune katiga ||

21. Walang-kêjèt apan ala | yèn nibakkên anglarani | malah dadalan antaka | yèn ana sakêpêl putih | suku kanan myang kering | Sri-katimpal namanipun | ala angungkat bêja | yèn mèh katêkan rêjêki | dumadakan adoh malah wurung tampa ||

22. Lamun kuda tinitihan | mingkar buntute anincing | Durga-nincing iku panas | yèn ana turangga putih | abang netrane kalih | anrus marang juburipun | punika apan ala | kang angingu nandhang kanin | lamun ana sukune pancal sasigar ||

23. Ing wuri miwah ing ngarsa | Sandhung-watang nora bêcik | yèn inganggo yun-ayunan | ing karya nora lumaris | bêlang sukune wuri | kang kiwa awon puniku | sampar-wangke namanya | mung wong kapêtêngan nênggih | Sampar-wangke ingkang pantês angingua ||

--- 2 : 27 ---

24. Golèk jagane wong jagal | Dhandhang-aring kang turanggi | yaiku jaraning jaksa | yèn ana ingkang turanggi | angringkêl dènnya guling | sandhing pamakananipun | Wadhudhak-angrêm panas | yèn clakuthikane kering | kang ing ngarsa manginggil punika panas ||

25. Angêcrahkên pawong sanak | barang pakaryannya nyêngit | angêdohkên pawong mitra | yèn Mata-kitiran nênggih | mathi pucuking kuping | kang kiwa won watakipun | lamun amanggih karya | luputa kang anitihi | turanggane nora wurung kawanguran ||

26. Yèn Baya-kapranggul mapan | yèku kudaning prajurit | nanging kang juru pacalang | yèn ciri bathuke katri | papag jaran prêmati | Satriya-mong-bala iku | kudane senapatya | prajurit pamêngku baris | sasolahe karya ungguling paprangan ||

27. Yèn ciri pupunggung kiwa | Pandhawa-akutha-wêsi | tunggal kudane satriya | kang sami pakaryan jurit | kinarya tan bêcik | dadya tumbal nagarèku | yèn Raja-wana puwang | anrus ing purus pan bêcik | pan utama yèku nama Panungkurat ||

28. Kudane wong among bala | yèn ikute (ng)gonning ciri | pan iku Jayapurusa | pantês kudaning narpati | ugêl sadumuk putih | suku kang têngên (ng)gonnipun | puniku Darpa-muntap | tunggal kudaning narpati | sasolahe kang ngingu tiba utama ||

29. Yèn mungsêr bokong kang kiwa | Suru namane abêcik | kèdhêp parentahing wadya | kang angingu kang anitih | yèn ana mungsêr nênggih | pucuking kuping (ng)gènnipun | puniku Jayèngrana | wèh kukuh barang pakarti | gulu iring pan Kusuma-binasika ||

30. Kupingnya nyalung tiningal | netrane anincing-goling | mukane anyakathakan | sirahipun aniruti | ilat alit agilig | untu kawêtu ing pucuk | ulês mêlês anglamat | gulu dawa ngukêl pakis | ngarêp mêlar anênggih ing clakuthikan ||

31. Angukulandhêp katingal | tur kumurêp aprayogi | nêbu ing jalu watêsnya | alêrês lurus tur alit | pupu amukang-gangsir | pan aos babokongipun | pupu kiyal sêmbada | bobokong nyangkok ing

--- 2 : 28 ---

baning | dêdêgipun atangkêl-tangkêl asinga ||

32. Abundêr gantanganira | apindha uwohing manggis | lambe anglambèni kidang | atipis-tipis alunci | cêndhak puruse alit | karakêt ing wêtêngipun | yèku kuda utama | kang pantês angrêspatèni | amalipir dadya kudaning narendra ||

33. Yèn bathuk unyêngan papat | Jaga-satru iku bêcik | lamun naraju balabar | bênêr trusing jajanèki | praptèng ing wêtêng maksih | mung kandhêg pupurusipun | Kokonang-anungkurat | pênêde angrêjêkèni | yèn ing bathuk titiga rada kawuntat ||

95. Pangkur

1. Taraju-mas iku srêpan | tuhu agung mintir ingkang rêjêki | yèn Bêlah-kadhaton untu | salewah iku panas | lamun papak kajantaka nora patut | Kusuma-tan-bisa-sika | Bêlah-kêdhaton anunggil ||

2. Abang mulus ulêsira | abang têkèng netranipun kalih |Kurang satu suku kata: abang têkèng netranipun kêkalih. têka clakuthikanipun | pênêd wataking kuda | palanya glis ingkang sinêja kapangguh | yèn kuda mulus cêmêngnya | yèn netra kakalih putih ||

3. Yèn clakuthitkaneclakuthikane. abang | kadi pancal iku kuda rêspati | kalangkung utamanipun | yèku Rêtna-kumala | kang angingu suka sugih tur rahayu | tan ana sangsayanira | satingkahe (m)basukèni ||

4. Yèn ulês purnama-sada | kuda putih têkan netrane kalih | kapat clakuthikanipun | mulus putih sadaya | liwat saking utama kudaning ratu | minangka tumbaling pura | miwah parangmuka ajrih ||

5. Datan kêna winisaya | kang angingu yèn ulês Wisnumurti | irênge pan irêng mulus | utamaning turangga | palanya doh kinajrihan marang musuh | dadya tumbaling kadhatyan | yèn ulês sêmu dhadhari ||

6. Abang mulus netra pêthak | bêlalake wêdhar kapat ing sikil | utama kudaning ratu | kèdhêp ing wadyabala | lamun siwêr netra [ne...]

--- 2 : 29 ---

[...tra] pêthak kiwanipun | ala yèn siwêr ing kanan | puniku luwih utami ||

7. Yèn siwêr netra kalihnya | yèku pênêt asrêpan kang nitihi | yèn pancal sukune têlu | pancal kalih utama | kang anitih miwah ta ingkang angingu | palanya kèdhêp ing wadya | kudane ratu prajurit ||

8. Yèn irêng mulus ulêsnya | miwah netra lambene irêng sami | utama kudaning ratu | pan Krêsna-malangdewa | Sri-mangêpêl putih clakuthikanipun | kang têngên miwah ing ngarsa | suka sugih kang nitihi ||

9. Sri mangêpêl suku ngarsa | pancal têngên pan kudane wong tani | Bramani-kokop puniku | turangganing prawira | Sri-palangka pêthak sukune katêlu | yèn nibakkên nora lara | prawira kang anitihi ||

10. Tamat ciri kuda lanang | Mas Cêbolang umatur bilih èstri | punapi (ng)gih kadi jalu | pamilih panampiknya | lah punapi tan wontên sadayanipun | Lêbdaswaninda lingira | lanang wadon kudu milih ||

11. Kang èstrine kaya lanang | ingkang wajib pinilih lan tinanmpiktinampik. | mung ana wuwuhanipun | uga sêlang-sinêlang | rupa siji kanggo marang èstri jalu | ana ingkang amung tumrap | mring wadon pyarsakna kaki ||

12. Turanggèstri winursita | lamun ciri lènging talinganèki | yèn ing têngên ênggènnipun | lawan ulêse abang | panasipun antuk pitung puluh surup | turanggane katularan | yèn irêng turangga èstri ||

13. Kang ciri sukune kiwa | iku Dhandhang-mangah pan nora bêcik | yèn aputih ulêsipun | mungsêr sandhing wadonan | iku cèprêt kuda tungganganing kaum | yèn abang buntute dawa | mungsêr sukune ing ngarsi ||

14. Kang suku kiwa namanya | Panggung-rencoh ala watêke mati | ing paprangan kang angingu | yèn putih sukune papat |Lebih satu suku kata: yèn putih suku papat. Asthamanik watêse sangisor dhêngkul | iku lêksanane ala | kalingsêman kang anitih ||

--- 2 : 30 ---

15. Yèn kuning ulêsing kuda | mungsêr munggèng ing talingane kalih | Dewa-nganglang naminipun | pênêd watêking kuda | abang putih ararahap wulunipun | nora bêcik nora ala | yèn mungsêr lambene nginggil ||

16. Puniku kuda utama | nênggih bêcik kang ngingu sarwa sugih | kèdhêp paparentah§ Prayoginipun / amarentah /. batur | miwah anak lan garwa | kuda abang mungsêr kiwa netranipun | kalamun buntute sarang | iya Gondrèkngilo nênggih ||

17. Kudane Bathara Kala | yèn ing pasamuwan tiba kuwalik | yèn kuning unyênganipun | mung siji kuping kiwa | nadyan sami Dewa-nglaya iku punjul | yèn aprang sor tan kacandhak | yèn ambujung anututi ||

18. Tur cat nora cat katingal | lamun mungsêr ing sangisoring kuping | ingkang têngên ênggènipun | kasaban ing jajêmbrak | pan asrêpan Sandiwana namanipun | kang ngingu adoh ing susah | mung suka kang anitihi ||

19. Lamun kuda wadon abang | ana mungsêr ing lambe ingkang nginggil | pralambangnya kalikakum | aranne iku Ralak | panas bangêt gêringan ingkang angingu | sapa nguwuh katularan | tatanggane kêni gêring ||

20. Kudane Bathari Durga | lamun kuda irêng lambene nginggil | ana mungsêr cirinipun | Pujangga-ênom namanya | sisiwine Jayèngrana watêkipun | digdaya ingangge aprang | unggul atêmah basuki ||

21. Kudane Sang Danardana | lamun kuda putih unyênganèki | ing kuping têngên (ng)gènnipun | lamun buntute abang | iya sami Dewa-nglayang namanipun | kudane Sang Girinata | wèh prawira rèh kawijil ||

--- 2 : 31 ---

96. Mijil

1. Yèn ginawa ing ayuda bêcik | tan kêna pinêngkok | yèn ambujung kèh kêna mungsuhe | lamun kuda lanang ulês kuning | panjang mungsêrnèki | lambe kiwanipun ||

2. Rikut pêpêt Puspalada rèki | namane kinaot | tunggil siwi Anjayèngranane | kuda abang sêmbur wulu putih | mungsêr lambe nginggil | Nilakantha iku ||

3. Kuda utama pan senapati | pantês kang anganggo | irêng mulus yèn mungsêr lambene | anèng luhur iku ora bêcik | Dhandhang-nunggang-jisim | nênggih namanipun ||

4. Pan gêringan kang ngingu kang nitih | ngajarakên awon | turanggèstri yèn mungsêr wêtênge | Mega-ngêmu-wulan iku bêcik | srêpan ingkang nitih | sarèhe rahayu ||

5. Turanggèstri abang ana putih | ing sasuri amor | dhukun-masinggun iku aranne | srêpan lamun ginawe ngajurit | apan nora kêni | sagunge pakewuh ||

6. Pinèt puniku anake bêcik | lamun jaran wadon | ulês kuning mungsêr clakuthike | anèng wuri puniku tan bêcik | kang ngingu kang nitih | patine dènamuk ||

7. Kuda putih mungsêr duburnèki | ing lambe tumemplok | ana ingkang kêdhik atumèmplèk | Gadêgan-nêrus iku abêcik | kuda wulu manggis | mungsêr netranipun ||

8. Ingkang têngên Surèngkara nênggih | turangga kinaot | sugih rêtna sasotya kang darbe | kang balalak mungsêr kuping kalih | yèn ulêse kuning | namane puniku ||

9. Jênu-udaka puniku bêcik | miwah waskithèng (n)don | wadon abang mungsêr pupukange | ingkang wuri Durga-racun nênggih | gêringan kang nitih | kuwur anggung wuyung ||

10. Kuda putih lan amungsêr kuping | lolongope karo | mandhalasa-lalawang namane | srêpan kang ngingu miwah kang nitih | akèh kang rêjêki | bêgjane lumintu ||

--- 2 : 32 ---

11. Palangka mungsêr sukune ngarsi | kang kiwa kinaot | mung rahayu pasaja kang darbe | Sandhung-bawa lamun kuda abrit | mungsêr poking kuping | awon watêkipun ||

12. Sapa nguwuh midêr anulari | tatangga kasêmpyok | ing gagêring miwah malarate | kalamangga namane sayêkti | lamun kuda abrit | ambênan (ng)gènnipun ||

13. Nyêng-unyêngan iku datan bêcik | wèh kuwur kawaon | kala-mumbul puniku aranne | kêna amuk kang ngingu kang nitih | lamun turangga brit | ciri jangga luhur ||

14. Arja-parilaya iku bêcik | turangga mangkono | kuda kuning adawa buntute | nadyan sami Dewa-nglayang luwih | pakantuk yèn jurit | rahayu kang ngingu ||

15. Kuda abang (m)balalak kang ciri | gulune tan awon | Bawakara puniku namane | kang angingu rahayu basuki | mungsêr netranèki | lamun kuda dhawuk ||

16. Arcu-turo iku kang anitih | tan wun tibèng asor | yèn palangka aciri kang lambe | Rustrakara aranne pan bêcik | kang ngingu kang nitih | entar budinipun ||

17. Mas Cêbolang umatur wotsari | yèn turangga awon | nora pênêd nênggih cicirine | yèn dèningah adamêl bilai | Swaninda lingnya ris | ana istyaripun ||

18. Pangruwate ciri kang tan yogi | ingkang wus kalakon | kuda putih sinulêd sarate | ing salaka mêntas saking agni | kuda irêng wêsi | susulêdanipun ||

19. Sinulêd ing êmas kuda kuning | têmbaga ingobong | lamun kuda abang susulête | turangga dhawuk mas kang kinardi | kang suwasa yêkti | kang tan mambêt sêpuh ||

20. Puniku sirna alaning ciri | luwar ing pakewoh | Sonyantaka angèl tatambane | ingkang ngingu simpêna li-ali | intên kang arêgi | sakêmbaran sèwu ||

21. Panulaking Sonyantaka kêni | yèn nora mangkono | Sonyantaka angèl tutulake | turangga Bramara-lêbu-gêni | pan walirang abrit | winor lawan jêruk ||

--- 2 : 33 ---

22. Binênêm lawan kulite nuli | pan ginawe pupoh | ing netrane wancine têngange | lamun nora nuju têngah wêngi | puniku pan uwis | mari panasipun ||

23. Kang ngingu manpangat dènluluti | maring para wadon | rawan kinajrihan ing mungsuhe | pedahe Bramara-lêbu-gêni | lampahing turanggi | yèn mêntas tinuku ||

24. Miwah yèn angalih (ng)gènnirèki | dina kang winaon | lan pasaran amrih basukine | kuda putih yèn tinuku Manis | ing sasi Kasèki | Petroka rannipun ||

25. Yèn marêngi ing turangga abrit | tinuku Kaliwon | sasi Karo Suwela aranne | kuda irêng Wage dènpicisi | nuju wulan Katri | Prawada rannipun ||

26. Lamun ana iku jaran kuning | tinumbas ing Êpon | sasi Kapat Wiyoga namane | apan ana kang winuwus malih | wêtonning turanggi | awon pênêdipun ||

27. Jaran putih lamun mêtu Manis | prayoga inganggo | yèn liyane tan pantês ingangge | turangga bang lamun mêtu Paing | dèningu prayogi | liyane tan patut ||

28. Kuda irêng yèn Wage umijil | sayêkti kinaot | senapati prayoga kang ngangge | yèn liyane irêng datan bêcik | Kaliwon umijil | kang prayoga dhawuk ||

29. Yèku utamane kang turanggi | yèn mêtu kaliwon | abang kuning irêng nistha bae | nora bêcik nora (m)bilaèni | mung dhawuk utami | turangganing ratu ||

30. wontên liya kang cinatur malih | pênêd lawan awon | ing tulise kang anèng ilate | Talaga-kumêmbêng srêpan èstri | dumadakan gampil | ngupaya dyah ayu ||

31. Nora angèl mamrih èstri luwih | dumadakan moprol | lire padha amasang ciptane | malah pating tarèmplèk kang prapti | samangsa darbe sir | kang prapta kumrutug ||

32. Yèn Dhandhang-nucuk tulisirèki | ing ilat pan awon | kang angingu gêringan tur bèsèr | lamun kadi Kalabang kang tulis | kang angingu asring | tan wun nandhang tatu ||

--- 2 : 34 ---

33. Tulis kêlêng ing ilat tan bêcik | mawèh tukar awon | lamun kadi angkul ing rajahe | kang angingu kèdhêp ing sasami | yèn rajahe kadi | pupuganing randhu ||

34. Ala kang ngingu miwah kang nitih | aganas tan awon | gora godha sabarang tingkahe | yèn rajahe ilat nyakrabumi | lire kadi-kadi | naga èmpêripun ||

35. Yèku pênêd ing pakarti bêcik | kêkês mungsuh adoh | lamun kadi arga ing rajahe | ngêdohakên rêjêki kang prapti | mung kari sathithik | dumadakan wurung ||

36. Lamun kadi gada ingkang tulis | ngêdohakên mungsoh | pan keringan kang ngingu watêke | yèn wong agung kèdhêp ing wadyèki | kalamun wong cilik | kèdhêp rayatipun ||

37. Lawan adoh ing pancabaya gring | pitênah tan (ng)gêpok | lara roga suminggah kabèhe | pinarêkan marang ing rêjêki | myang gustine asih | kang ngingu kudèku ||

38. Lawan waris kang ngingu kang nitih | kèdhêp tan wun wayoh | saking dènnya manpangat kudane | ulatana ilating turanggi | kang rajah Gadèki | wèh asmarèng kalbu ||

97. Asmaradana

1. Datan katanggungan kaki | (ng)goningsun asung pitêdah | ing turangga pangêlihe | angunggahkên mring gêdhogan | milih ari pasaran | nêptune roro kinumpul | gya ingetang kang prayoga ||

2. Sakawan etangannèki | awit Suku pan ingetang | pindho Buta ing etange | kaping têlu etung Gajah | kaping pat tiba Sela | ganêp papat etangipun | kang tan sae singgahana ||

3. Yèn tiba Suku marêngi | pincangan wataking kuda | tiba Buta galak rêke | yèn etunge tiba Gajah | pan lêmon adatira | tiba Watu kang pakantuk | kukuh awèt kasarasan ||

4. Ri Akad lêgi winilis | kaetung tumiba Buta | Akad Paing Buta manèh | Akad Ponne tiba Sela | ing Akad Wage tiba | Suku Akad Kliwonnipun | uga Suku tibanira ||

--- 2 : 35 ---

5. Gumantya ri Sênin Lêgi | tiba Suku etangira | Isnèn Paing Suku manèh | Isnèn Êpon tiba Gajah | Isnène Wage Sela | Isnèn Kaliwon puniku | amarêngi tiba Sela ||

6. Ing ari Salasa Lêgi | tiba Watu etangira | Salasa Paing Buta-ne | Salasa Pon tiba Sela | Salasa Wage Gajah | ing Salasa Kliwon nuju | uga tumiba Dirada ||

7. Gantya ari Kêmis Lêgi | tiba Suku etangira | Kêmis Paing Suku manèh | Kêmis Pon tumiba Liman | Kêmise Wage Sela | Kêmis Kaliwon ingetung | iku uga tiba Sela ||

8. Jumungah Lêgi marêngi | petunge tumiba Gajah | Jumngah Paing Gajah manèh | Jumngah Pon Suku tumiba | Jumungah Wage Buta | Jumungah Kaliwonnipun | iku uga tiba Buta ||

9. Ing arine Saptu Manis | etung masih tiba Buta | Saptu Paing Buta manèh | Saptu Pon Mêtu§ Prayoginipun / Watu /. prayoga | Saptu Wage Sukunya | Saptu Kliwon tiba WakuWatu. | lungguhe nggunggahkên kuda ||

10. Yèn putih pasaran Lêgi | dhawuk Kaliwon prayoga | abang Paing utamane | irêng Wage dènunggahna | kalamun kuda jênar | pasaran Êpon pikantuk | wus titi babing turangga ||

11. Kacarita sabên ari | Kiyai Lêbdaswaninda | tan lyan kang winêdharake | marang Ki Mase Cêbolang | namunnamung. bab katuranggan | sadayanya wus kacakup | manêmbah aris turira ||

12. Kalangkung panuwun mami | paduka asung pitêdah | katuranggan saputuse | ulun tanêm ing wardaya | dumadya papawitan | kalawan indhaking kawruh | dhuh babo panuwuningwang ||panuwun ingwang (dan di tempat lain).

13. Kalilana ingkang dasih | ayun (n)dumugèkkên lampah | anut ing suku tindake | aywa kirang pangaksama | kantunna sukawirya | kinuwatna ing Hyang Agung | raharja panjang kang yuswa ||

14. Ki Swaninda lingira ris | tan luwih pangèstuningwang | marang sira sakabèhe | katêkana kang sinêdya | aywa na kara-kara | Mas Cêbolang ngraup suku | santri catur gantya-gantya ||

--- 2 : 36 ---

15. Mangkat saking Margawati | laju ing lampah sumêngka | praptardi Sumbing sukune | kèndêl ing têpining sêndhang | asrêpira kalintang | narêthêk sadayanipun | nuju purnamaning wulan ||

16. Ari malêm (ng)Gara Kasih | Mas Cêbolang sru karênan | umiyat ing we wêninge | tandya angracut busana | anggêbyur alulumban | Ki Nurwitri amung raup | santri katri kacipratan ||

17. (n)Jola lir dèn-nyonyok gêni | dumadya sumingkir têbah | wus tutug dènnya lêlangèn | nulya angrasuk busana | tan ana sangsayanya | santri katri samya ngumpul | sadalu nèng pinggir sêndhang ||

18. Santri papat eca guling | mung kantun Ki Mas Cêbolang | (n)jêgrêg datan anglêgèyèh | lingsir dalu wayahira | jalma ro kawistara | priya bagus èstri ayu | mijil saking jroning sêndhang ||

19. Mrêpêki kang eca linggih | kadya tugu sinukarta | tajêm tan (ng)garagap tyase | kang priya alon lingira | mas putu kawruhanta | Candhikyuda aranningsun | wadon iki garwaningwang ||

20. Kakasih Dyah Rantamsari | padha abdi Sri Pamasa | Brawijaya kang mandhirèng | ing Majapait nagara | duk jaman kadewatan | kadawan yèn ingsun catur | anisku saka ing praja ||

21. Praptèngsun ing ardi Sumbing | minta aksamaning dewa | sinambi lawan têtanèn | kathah janma ingkang prapta | samya mèlu dhadhêkah | sawusnya arja kang dhusun | manira srimbit gya muksa ||

22. Wèh tilas ing sêndhang iki | sun sêsuwun ing jawata | (m)barkahana salawase | sing sapa janma kawawa | adus wus surup surya | malêm (ng)Gara Kasih èstu | sinung manising wicara ||

23. Gandês luwês mêrakati | solah parigêl wiraga | sadhengah wonge kang anon | wlas asih trêsna trusing tyas | katrima pamintèng-wang | ana cumlorot lir wahyu | jumêgur tiba ing sêndhang ||

24. Kagawa garwaku iki | nguni aslining badhaya | katêlah têkèng samangke | ingaran sêndhang Badhaya | wis kulup tutugêna | kang dadya sêdyanirèku | ingsun jimurungjumurung. ing karya ||

--- 2 : 37 ---

25. Kaliye wus tan kaèksi | Mas Cêbolang lir supêna | pajar sidik kèh swarane | bakikèring sata-wana | myang pêksi cocakrawa | kacêr pênthèt thilang cohung | srigunting prênjak sikatan ||

26. Sumirat soroting rawi | kagyat kang samya anendra | (n)jênggèlèk tambah asrêpe | narêthêk angga rog-rogan | Mas Cêbolang lingira | padha minuma sadarum | toyane sêndhang Bêdhaya ||

27. Iku têtulaking atis | wus nginum santri sakawan | kumêpyar pêra ragane | nir lapa lêsahing angga | asru eraming driya | kawasanira Hyang Agung | tuhu nora ana madha ||

28. Tumurun saking ing wukir | santri catur tansèng wuntat | Ki Saloka amiraos | hèh Palakarti Ki Pala | sawangên iku (n)dara | saka ing pangrasaningsun | mundhak sigit mêrakatya ||

29. Dyatmika sêmune wingit | Palakarti Kartipala | kakang iya bênêr kowe | dalah Nurwitri ya mundhak | wênêse kang wadana | apa saka sawabipun | toyane sêndhang Badhaya ||

30. Lampahira anglangkungi | Ngadirêja Kaparakan | Têmanggung tlatah Kêdhune | kèh para dyah kang kasmaran | andulu Mas Cêbolang | wênèh ana kang tut pungkur | tansah dadya rêrubungan ||

31. Prawan lanjar randha tuwin | somahan tan tolèh lanang | kang lumaris ribêd tyase | ing lampah dumadya nyimpang | nilapkên kang tut wuntat | prapta ing Pikatan umbul | toya wêning lirap-lirap ||

32. Binatur ing sela langking | wawangunan banon wiyar | karikil alit dhasare | toya tan lukak tan mindhak | umbul tan kawistara | sak êdom wijiling ranu | kathah tan kenging winilang ||

33. Liwêran ulam tambra brit | bayak kadi anêmbrama | marang risang nêmbe rawoh | kalamun bisaa ngucap | dhuh risang ambêg santa | kawula sadaya atur | wilujêng rawuh paduka ||

34. wontên ing Pikatan riki | punapi kinarsakêna | kula sadaya rumaos | ing sakaparênging karsa | mangkana Mas Cêbolang | ginraitan ingkang sêmu | ulam tambra manêmbrama ||

--- 2 : 38 ---

35. Tanggap Mas Cêbolang tuwin | rencangnya santri sakawan | samya lukar panganggone | lulumban ciblon gêndhingan | kalangkung rênaning tyas | sawusira samya adus | anêmbang pucung busana ||

98. PocungTeks asli: Pucung.

1. Mas Cêbolang alon pangandikanipun | Nurwitri Saloka | Kartipala Palakarti | ulun ayun wruh ingkang aran (m)Bahrawa ||

2. Payo mangkat sira lumakuwèng ngayumngayun. | kapungkur Pikatan | ngalèr ngilèn sampun prapti | ardi Jambu kalangkung asri kawuryan ||

3. Dadya dangu dènnira lêrêp nèng Jambu | kasêngsêm amulat | asri rarêngganing wukir | sukunira angongkang têpi talaga ||

4. We ngalirap sumilak masêmu biru | jurang sri kawuryan | nuju wijiling Hyang Rawi | anyunari talaga myang arga-arga ||

5. Ujwalaning Surya inggang munggèng ranu | mancorong gumêbyar | apindha sasotya manik | ngèrèng-èrèng tinanêman pantun gaga ||

6. Kang gumandhung wênês ijo amawèh kung | malêncut markatak | ana kang uwis kumêmping | awurahan rarya anggusah kukila ||

7. Sarèwèhan ranu tibèng jurang trêjung | swara lir gurnita | paksi nèng têpining warih | samya ngadhang timbuling kang ulam toya ||

8. Kayon gathuk ayom angubêngi gunung | dhuwêt dhuku jirak | jêruk jambu klampok wangi | pêlêm pakèl pijêtan lawan kokosan ||

9. Blimbing manggis rambutan kêpêl myang randhu | nangka sukun bêndha | kaluwih sarangan tangkil | wanara kèh samya amangan wowohan ||

--- 2 : 39 ---

10. Kidang kancil manjangan budhul angrênggut | rumput kang pradapa | sêmu ayêm klimis-klimis | santri catur samya ngundhuhi wowohan ||

11. Warna-warna katur ing bandaranipun | sadaya mirasa | sinambi aniningali | arga-arga têgal sabin dhusun krajan ||

12. Wus tumurun saking ing aldaka Jambu | malipir (m)Bahrawa | gya mancat sukuning wukir | Ing Marbabu lan arga Marapi jajar ||

13. Praptèng arga alit aran Candhi dhukuh | ndêdêr têkèng pucak | miyat kuburan sawiji | tanpa cungkup kayoman witing capaka ||

14. Jenar pingul sêkar (m)blasah marbuk arum | kubur mawa cahya | kadya kukuwung ngawêngi | Mas Cêbolang ngandika marang Saloka ||

15. Baya iki wong agung ingkang kinubur | wingite kawangwang | mawa cahya anêlahi | Ki Saloka matur nun inggih bandara ||

16. Kula mirêng cariyosing tiyang sêpuh | punika astana | -nipun natèng Majapait | Sang Aprabu Brawijaya kaping tiga ||

17. ê lah patut bêcik payo padha ngujung | anyunyuwun barkah | slamête laku puniki | Mas Cêbolang lawan santrinya sakawan ||

18. Wusing ngujung mangalèr umiyat ranu | ing Pêning ngalela | têngahing tlaga kaèksi | ana pulo kumambang anut maruta ||

19. Ngetan ngulon manêngah ngalor myang ngidul | tan mawa kakaywan | kawuryan mung katang wilis | wênês ijo mawèh sêngsêming wardaya ||

20. Têpi danu ana jajaka kadulu | manggul jala kêpyak | sruwal cêkak ngindhit kêpis | Ki Nurwtri ngawe kanang mareneya ||Kurang satu suku kata: Ki Nurwitri ngawe kanang mareneya.

21. Wusing tundhuk Nurwitri tatanya bagus | marang êndi sira | kang tinanya lingira ris | kula badhe (n)jala mring Pêning talaga ||

22. Amung turut pinggir sapakantukipun | ajrih amanêngah | lêbêtipun anglangkungi | ramak kula nalika wulan kang pêjah ||

23. Aritipun tinangsulan agêl kukuh | cinêmplungakên têngah |Lebih satu suku kata: cinêmplungkên têngah. kinalar ngantos sapriki | dèrèng kèndêl taksih dènulur kewala ||

--- 2 : 40 ---

24. (n)Dika kintên piyambak ta lêbêtipun | mila kula (n)jala | amilipir turut pinggir | lagya eca kang samya imbal wacana ||

25. Mirêng swara gumlêdhêg lir gêlap sèwu | pucaking kang arga | Mêrapi amêdal api | kukus mêdal ngêbêki ing dirgantara ||

26. Pêtêng (n)dhêdhêt datan uninga lor kidul | Mas Cêbolang lawan | santri catur yitnèng wèsthi | gêgandhèngan tanbuh paran kang sinêdya ||

27. Dènnya anèng pêpêtêng tri ari dalu | langkung supêking tyas | wus tan ana nyipta urip | mung sumendhe ing karsanira Hyang Suksma ||

28. Praptèng tlatah Magêlang ing lampahipun | pêpêtêng wus sirna | miyat soroting Hyang Rawi | samya (n)dhoko nèng sukuning ardi Tidhar ||

29. Miyat dhukuh asri ing anggraning gunung | Mas Cêbolang lingnya | yèn sira isih kuwawi | dhukuh kae payo padha pinaranan ||

30. Samya matur sumangga kula tumutur | sadaya wus minggah | Mas Cêbolang anèng ngarsi | langak-langak bêranyak lir Narayana ||

31. Santri catur barangkangan lampahipun | gantya kang winarna | kang martapa pucak wukir | langkung sidik anama Sèh Wakidiyat ||

32. Endhang catur tumaloncong ayu-ayu | mèh kêmbar kang warna | mêpêg mêmpêning birai | samya lagya anggarapsari sapisan ||

33. Sinung nama Endhang Kismani linangkung | Brahmani kalihnya | tiga Endhang Aniladi | sakawane Endhang Jahnawi kyatingrat ||

34. Maha wiku ngandika mring endhang caurcatur. | gêlar-gêlarana | kalasa batu kang brêsih | sasajia sugata ingkang prayoga ||

35. Ingsun ayun katamuan santri luhung | mêntas kasarakat | anèng ing Marbabu wukir | wusing rampung sasaji sira mêthuka ||

36. Nêmbah mundur rampung sasaji dyah catur | mring talaga siram | kosokan lulur myang mangir | wus barêsih kakanthèn nulya busana ||

--- 2 : 41 ---

99. Kinanthi

1. Endhang Kismani puniku | cêmêng manis amrakati | ngrasuk sinjang tumênggungan | paningsêt sêtagèn abrit | mingis katon mung sasada | amathinthing matrêm-kengis ||

2. Asumêkan sêkar bênguk | malipis alus waradin | pungkasan tirah sacêngkang | sinalêmpitakên ngarsi |§ Prayoginipun / sinalêmpitakên ing ngarsi /. gathuk lan wironing sinjang | ukêl sèntêg amantêsi ||

3. Endhang Brahmani winuwus | bangbang awak mawèh kingkin | ngrasuk sinjang lurik rêkta | satagèn cêmêng mathinthing | sêmêkan yuyu sakandhang | ijo ukêl gondhèl pèni ||

4. Endhang Aniladi mungguh | jênar lir êmas sinangling | ngrasuk sinjang kêpyur pelag | pinantês satagèn kuning | wungu byur ingkang sêmêkan | ukêl canthèl ngrujit ati ||

5. Endhang Jahnawi mawèh kung | jênar suluh bêngle kengis | ngrasuk sinjang wanabadra | paningsêt satagèn putih | kasumêkan dasasela | dhasar irêng mawèh brangti ||

6. Kondhe pinalintir alus | tirahan jênthar sanyari | lugas tan na mawi sêkar | sêngkangnya sadaya cêplik | pacak patraping busana | endhang papat apan sami ||

7. Sawusnya busana rampung | tumurun saking ing wukir | sakawan sarêng lumampah | mung wiraga nora tunggil | ana ingkang (ng)gigit sadak | asta kiwa anyakithing ||

8. Ana ingkang ngêmbêng susur | lathi anggung dènusapi | ana kang lagya wit mucang | gagang sêmprit anèng njawi | ana kang olèh panasar | asta têngên anggung midih ||

9. Wau ta ing lampahipun | Mas Cêbolang catur santri | mahawan langkung sumêngka | kumêpyur kagyating galih | kawuryan endhang sakawan | tumurun saking ing wukir ||

10. Ngandika mring santri catur | padha (n)dêngèngèka aglis | lah iki ana rurupan | ewuh ênggonku ngarani | apa pêri parayangan | apa satuhuning jamni ||janmi.

--- 2 : 42 ---

11. Rupa rampak ayu sêmu | barès angrêsêpkên ati | bêsuse manut ing sarak | upama sêkar kang adi | durung padha (m)babar ganda | mamadune durung kongkih ||

12. Andêngèngèk santri catur | mangkana lêsah lapa nir | nayana katon sumringah | umatur babo suwawi | sinêngkakakên ing lampah | daya-daya nuntên panggih ||

13. Nahan ing lampah wus cundhuk | Mas Cêbolang catur santri | tan ana kuwawa ngucupngucap. | kêdhèp têsmak aningali | endhang catur mire nganan | trapsila wicara manis ||

14. Dhuh babo kang nêmbe rawuh | sowan kawula tinuding | Sèh Wakidiyat pilênggah | ing asrama Tidhar ngardi | (n)jêng paduka tinimbalan | laju maring ing asrami ||

15. Kerida ing lampahulun | Mas Cêbolang duk miyarsi | anyêbut angudubilah | sarwi (n)dheprok lingira ris | pra arum duta utami | mugi ywa dados panggalih ||

16. Dêksuraning badanulun | nampèni dhawuh sang yogi | kalimput kacaryan mulat | dhumatêng sang pindha Ratih | myang Supraba Wilotama | Rarasati ing swargadi ||

17. Sandika ingkang dhumawuh | suwawi paduka irid | sakawan mèsêm sarêngan | winantu dhawahing liring | jumênêng angêlus sinjang | nulya lumampah nèng ngarsi ||

18. Lampah tan antara dangu | prapta ngarsane sang yogi | pinarak ing yasa-kêmbang | toya wêning angubêngi | pinalisir sesêkaransêsêkaran. | nêdhêng kusuma (ng)ganda mrik ||

19. Ni endhang duk praptèng ngayun | maro mire nganan ngering | atêbih lawan sang tapa | Mas Cêbolang catur santri | makidhupuh anèng ngarsa | muka lir konjêming siti ||

20. Sèh Wakidiyat lingnya rum | saka dhanganing tyasmami | aku awèh karaharjan | praptanta nèng ndhepokmami | basan bêgja kêmayangan | wit tan nyana bisa panggih ||

21. Lan sira siwayèngulun | yèn tan kliru sira kaki | atmaja Sèh Akidayat | asrama Sokayasa-di | mijil saking Siti Wuryan | iku mitraku sayêkti ||

--- 2 : 43 ---

22. Nalika marsudèng kawruh | tan na pisah rina wêngi | lir kadang nunggil sawêlat | palaling Hyang Maha Suci | basa wis rumasa tuwa | padha dhêdhepok pribadi ||

23. Nèng Sokayasa ramakmu | nanging biyèn isih nami | Esèh Adi Anggungrimang | ingsun dhêdhepok nèng riki | araning kang ardi Tidhar | pusêring kang tanah Jawi ||

24. Gajêg Cêbolang aranmu | mangkana kang sinungan ling | kalangkung eraming nala | sidike sang maha yogi | wasana matur anêmbah | mênggah dhawuh kang kawijil ||

25. Sutuhu tan ana gangsul | nyumanggakkên ingkang dasih | pêjah gêsang tan suminggah | kinarya pêthak myang abrit | sumarah datan lênggana | pukulun ywa walanggalih ||

26. Rèh ing mangkya sampun cundhuk | lawan raose tyasmami | sêdyaulun ngèstupada | ing lampah kandhêg nèng riki | margi yèn anglajêngêna | tanapi wangsul mring panti ||

27. Maha wiku lingira rum | kulup iku lwih utami | amung ta wawêkasingwang | banjurna lakunta kaki | têmbe pantog praptèng praja | Wirasaba (ng)gonmu mulih ||

28. Kadawan lamun dakcatur | bakal lalakonmu kaki | endhang mara ladèkêna | pasugatan gantèn wangi | kalawan rokok sumpêtan | sokur yèn wedange uwis ||

29. Lawan nyanyamikanipun | iku ladèkêna dhingin | kang sinung ling samya mentar | Kismani (m)bêkta tapsirih | Aniladi pangêsêsan | patèhan Endhang Brahmani ||

30. Jahnawi dhaharanipun | sadaya lumadyèng ngarsi | miwah kang mring punakawan | tan ana seose sami | Sèh Wakidiyat lingira | lah iku sugata mami ||

31. Saanane sining gunung | gaduging bocah pawèstri | siji tan na batih priya | tan lyan papat iku kaki | kang ngopèni tatanêman | lah-olah bêrsihing panti ||

32. Aywa nganggo ewah-ewuh | anggêpên wisma pribadi | kang liningan matur nêmbah | dhawuhipun (n)jêng kiyai | kalêbêt raosing manah | tan angraos amartami ||

--- 2 : 44 ---

33. Sampun kadi wismèngulun | Mas Cêbolang catur santri | wus samya sês miwah mucang | tuwin minum wedang êtih | tanapi nadhah nyamikan | rêsêp tan tahaning galih ||

34. Tampi wangsit endhang catur | samya lumêbu ing panti | wêdalira sampun (m)bêkta | sêkul liwêt anèng cêthing | myang ulam anèng ing dhulang | jangan sambêl sarêm pêtis ||

35. Lalaban slèdri katimun | cipir boncis kacang kapri | wus tinata anèng ngarsa | Sèh Wakidiyat lingnya ris | lah kulup sira nadhaha | kinarya jampi kalantih ||

36. Mas Cêbolang nêmbah (n)dhêku | mirasa dènnira bukti | wus dumugi cinarikan | pinaringkên ing pamburi | santri catur samya nadhah | rampung ingundurkên aglis ||

37. Wus ingundurakên wangsul | umarêk sang maha yogi | Hyang Surya tumamèng arga | maha wiku ngandika ris | lah kulup sira kariya | ingsun gambuh mring panêpin ||

100. Gambuh

1. Sira lan santri catur | amanggona nèng kene sadarum | wusing parlu sayêktine ingsun bali | kang liningan matur (n)dhêku | maha-wiku lampahnya lon ||

2. Ingiring endhang catur | Mas Cêbolang wau ingkang kantun | lênglêng rêngêng-rêngêng asambari ririh | iya ta lah sang awiku | (m)bok iya kadi siringong ||

3. Têka tinilar mak brung | bocah papat siji tan na kantun | sadhengaha nora niyat nampik milih | kabèh mawèh gandrung-gandrung | tyasingsun êmbahne condhong ||

4. Eh sira bocah catur | mungguh kowe êndi kang panuju | endhang papat pilihên salah sawiji | santri sakawan umatur | saèstu langkung pakewoh ||

5. Yèn kenginga sadarum | dados (m)botên keran-keron bingung | Mas Cêbolang dahat kingkin nanging ajrih | pêpêg sumpêg ing tyas gadhug | satêmah alongang-longong ||

--- 2 : 45 ---

6. Nahan kang yun manêkung | angandika Kismani sirèku | ngladènana marang anakku wong sigid | lamun wis kulinèng wuwus | gêlarna cangkriman dhenok ||

7. Yèn kabatanga tamtu | daklilani nyuwuna sirèku | sakirane sira ta apa kadugi | winêngku ing dhayoh mau | kang liningan tan miraos ||

8. Manawa nora pêcus | ambatanga marang cangkrimanmu | yêkti datan dak paringkên sira nini | kang liningan nêmbah matur | tan lênggana ing sapakon ||

9. Kismani wus winuruk | wusnya apil manêmbah gya mundur | sarwi (ng)gagas cangkriman kang wus kawijil | sakirane apa pêcus | ambatang cangkriman elok ||

10. Kang lagya mingak-minguk | Mas Cêbolang kagyat dènnya (n)dulu | Dyah Kismani prapta datan mawi kanthi | dupi parêk ris umatur | dhawuhipun sang kinaot ||

11. Kinèn ngladosi ulun | anèng riki ing sadangunipun | Mas Cêbolang mangsuli luwih utami | dados wontên rencang ulun | jajagongan omong-omong ||

12. Malah bilih panuju | sih ing dasih kang pindha jumêrut | kula suwun dhumatêng sang maha yogi | dadosa papundhèn ulun | ing donya praptaning êndon ||

13. Kismani lingira rum | sarwi mèsêm ngujiwat mawèh kung | yèn wus pasthi boya selak ingkang dasih | mung wontên paminta-ulun | badhenên cangkrimaningong ||

14. Lamun kabatang ulun | asrah jiwa raga mring sang bagus | donya akir atas kagungan sang pêkik | Mas Cêbolang asru (ng)guguk | punika punapi yêktos ||

15. Suwawi sang rêtnarum | kawêdharna cangkriman linubunglinuhung. | Dyah Kismani ngandika manis prapkatiprakati / mrakati. | (m)botên ilok cidrèng wuwus | dosa lair trusing batos ||

16. wontên kang sumur watu | timba rukmi atatali lesus | (n)dawêg (n)dika badhe ingkang aprêmati | Mas Cêbolang mèsêm muwus | mênggah ing pambatangingong ||

--- 2 : 46 ---

17. Kalih warni puniku | punapa (ng)gih kaparênging kayun | (ng)gih sumangga sampun sami walang galih | inggih sumur kajêngipun | dhatêng saumur sayêktos ||

18. Kajêngipun kang watu | tansah manggèn tan sagêd lumaku | timba apan wadhah ingkang mêdal manjing | kancana ing kajêngipun | dhatêng kamulyan sayêktos ||

19. Tatali mrih pikukuh | angin dhatêng napas kajêngipun | sayêktose tiyang agêsang puniki | tatangsuling gêsangipun | napas ingkang manjing miyos ||

20. Kadi paran jantungku | punapi lêrês lan (m)botênipun | inggih bagus satunggale kadi pundi | suwawi winêdhar wuwus | Mas Cêbolang lingira lon ||

21. Kajênge punang sumur | dhatêng sumur gumuling puniku | watu dhatêng sela kumalasa yêkti | tatimba dhumatêng cibuk | kang minggah tumurun alon ||

22. Kancana kajêngipun | dhatêng kancana orengore. linuhung | inggih dhatêng kang wanita ngore wèni | tali dhatêng tampar angkus | waraga apan jinatos ||

23. Kuswa nyêkêl puniku | têgêse kang raga awak tuhu | kajêng ingkang angin dhatêng napas yêkti | sawadose jiwaningsun | tiyang guling sakaroron ||

24. Èstri kalawan jalu | sapaturon kuswa-kinuswèku | rêrênggosan kadi kaplayu ing jurit | rara Kismani malêruk | kalepat kesah wirangrong ||

25. Umarêk sang linuhung | angaturkên ing pambatangipun | tètèh gêmêt datan ana kang kalêmpit | maha wiku manthuk-manthuk | wus pinasthi sira dhenok ||

26. Winêngku mring têtamu | aywa wangkot ing sapakoningsun | Dyah Kismani minggu nguwik-uwik siti | ginuyu mring dyah têtêlu | Kismani nyiwêli wal-wol ||

27. Ing dalu tan winuwus | enjingira risang maha wiku | rawuh marang pondhokanira têtamu | endhang catur tansèng pungkur | Sèh Wakidiyat linggnyalingnya. lon ||

--- 2 : 47 ---

28. Babo atmajaningsun | rèh wus dadi patêmbayanipun | arinira iki si Endhang Kismani | sapa wonge kang apêcus | (m)batang cangkriman sayêktos ||

29. Pasrah jiwa ragèku | mangka sira bisa (m)badhe kulup | yèn sêmbada sunningkahkên ri puniki | lan saka sukaning kalbu | kang têlu kalamun condhong ||

30. Ywa katanggungan kulup | ngongparingkên mring sira sadarum | supayane ywa keran-keroning ati | dadi têntrêm tyas tan giyuh | sêpi panêmu kang awon ||

31. Cêbolang duk angrungu | dhawuhipun risang maha wiku | langkung kagyat êmar maras sênig-sênig | ngunandika jroning kalbu | kadênangan karsaningong ||

32. Iki apa panglulu | apa wantah ewuh tangguhipun | ing wasana umatur saha wotsari | kalangkung pamundhiulun | dhawuh kang sampun kawiyos ||

33. Ulun sumanggèng kayun | tan lênggana satuduh tumutur | sampun ingkang dhumatêng raras kamuktin | sanadyan praptaning lampus | datan lênggana sapakon ||

34. Ing rêmbug sampun putus | wus dèn-ningkah wau endhang catur | paragating ningkah pinanggihkên aglis | maha wiku ngandika rum | èh Cêbolang atmajèngngong ||

35. Kang bêcik pangêmongmu | lan kang adil panataning kakung | aja ana nganti kataman sak sêrik | sihira aywa (m)barênjul | dadi tyase padha golong ||

36. Sang wiku wusing dhawuh | wangsul marang ing panêpènipun | kawarnaa kang katuju ing panggalih | tyase langkung suka sukur | timimbul karêsmèn andon ||

101. Maskumambang

1. Rarasingkang karasikan tan winarni | wusing sapta dina | Mas Cêbolang angalêntrih | larut bayuning kang angga ||

2. Gya umarêk marang ngarsane sang yogi | rubiyah sakawan | tan kêna ginggang sanyari | tansah ambondhèt mring priya ||

--- 2 : 48 ---

3. Praptèng ngarsa maha wiku lingira ris | pantèn paran karsa | umarêk ing ngarsamami | apa ta darunanira ||

4. Mas Cêbolang tumungkul konjêm ing siti | èh ta uculêna | (ng)gonnira (m)bondhèt mring mami | wus bênggang samya alênggah ||

5. Mringa panti cacawisa kang prayogi | rujak myang lotisan | prêsan menda duduh pitik | lan wowohan sasêgêran ||

6. Endhang catur samya mundur mangênjali | Mas Cêbolang tandya | (n)dêngèngèk umatur ririh | dhuh risang paring nugraha ||

7. Ngaturakên pêjah gêsangulun nênggih | èstu tan kawawa | lumawan ing senapètisenapati. | sakawan sami prawira ||

8. Tanpa kiwul wit kawula lamba yêkti | yèn pukulun datan | paring sarana sayêkti | dasihe têmah antaka ||

9. Maha wiku suka awêlas ningali | wasana ngandika | kulup dènkaparèng ngarsi | wusing parêk gya winêjang ||

10. Bab karêsmin kang tan ngrusakakên dhiri | wèh nikmat warata | siji kang tinujwèng kapti | kang tiga samya karasa ||

11. Datan pae kalawan ingkang satunggil | jumbuh ingkang rahsa | Asmara-nala rumiyin | têgêse sêngsêming manah ||

12. Kalihipun Asmara-tura winardi | sêngsême paninggal | tri Asmara-turida di | pan sêngsêming pamirêngan ||

13. Sakawannya Asmara-nada sêngsêming | ingkang sapocapan | gangsal Asmaratantra di | sêngsêming kang pangarasan ||

14. Nêm pungkasan sêngsêming sanggama yêkti | ran Asmaragama | tuwin jaya wijayanti | pangabaran pangasiyan ||

15. Agal rêmit miwah ingkang ngèlmi sihir | karya-ramming kathah | dalah wisikan sarêsmi | Mas Cêbolang wus widagda ||

16. Sinung padhang paang graitanepaanggraitane = panggraitane. lantip | kacakup sadaya | sarta nulya dènlampahi | sadhawuhe sang pandhita ||

17. Pan pinêlêng dènnira amatiragi | cacêgah myang siyam | ngalowong apatigêni | wungu lan kungkum ing toya ||

18. Lumêstari tan ana batal sawiji | sawusing paragat | garwa pinaringkên [pi...]

--- 2 : 49 ---

[...naringkên] malih | atut dènnya palakrama ||

19. Catur datan ana kang sangsayèng kapti | Cêbolang pinarak | kalawan sakawan abdi | Saloka marêk mangarsa ||

20. Ulun matur mugi sampun salahkapti | rèhning sampun lama | lèrèh anèng Tidhar wukir | kadiparan ingkang karsa ||

21. Punapi wus katrêm marêm anèng ngriki | sukur makatêna | kalilana ingkang abdi | samya mantuk mring asrama ||

22. Atur uning ramanta sang maha yogi | myang mring pramèswara | iba sukaning panggalih | Mas Cêbolang duk miyarsa ||

23. Tyas kumêpyur wasana ngandika aris | lah tujune kakang | sira caturan lan mami | upama mênêng kewala ||

24. Pan kabanjur kalimput ing lambangsari | jugag ing lalakyan | katutup ulah kamuktin | wis kakang padha kariya ||

25. Ingsun marak marang risang maha yogi | klilan tan kalilan | pamit mundur dina iki | Nurwitri mèsêm wacana ||

26. Hêm apa tan agêndhulak-agêndhulik | tega apa ora | nilar langêning jinêmrik | sajagad tan ana memba ||

27. Amubênga têpining kang jalanidhi | tangèh yèn antuka | tanapi mirib kang warni | sanadyan ana miriba ||

28. Maksih kalah sêdhêp sumèh amrakati | parigêling solah | kèwês lindri lungit manis | santri tri gumuyu latah ||

29. Lan maninge kanane apa kadugi | lamun tinilara | dakbathèke§ Prayoginipun / dakbadhèke / utawi / dakbethèke /. pasthi kinthil | upama padha kinthila ||

30. Lah saiba-iba ribête nèng margi | mangka kang pinaran | anut satindaking sikil | ewasamono sumangga ||

31. Mas Cêbolang mèsêm wagugên ing galih | wasana lingira | mupung iki nora kinthil | ingsun marêk sang minulya ||

32. Praptèng ngarsa maha wiku ngandika ris | kulup paran karsa | praptamu tan mawi rabi | sêmune kaya wigatya ||

--- 2 : 50 ---

33. Mas Cêbolang mangênjali matur ririh | mugi linêpatna | sruning bêndu saking galih | myang gung gunging pangaksama ||

34. Kalilana kang abdi anuwun pamit | (n)dumugèkkên lampah | tumindaking suku kalih | miturut nêring wardaya ||

35. Rabiulun sadaya sumanggèng kapti | sang wiku lingira | paran karsanira kaki | rabinta apa kok pêgat ||

102. Mêgatruh

1. Yèn kok pêgat apa wis mangêrti kulup | laku-lakuning akrami | ningkah myang maskawinipun | ngidah talak sasamining | Mas Cêbolang matur alon ||

2. Saèstune dèrèng mangêrtos satuhu | lampahe salakirabi | mugi pinarêng ing kalbu | paring sumêrap mring kami | maha wiku mêdhar kawroh ||

3. Ningkah iku pan katêmu karêpipun | rasane sira nampani | pasrahing kawasanipun | wadon kang sira rabèni | amiturut lair batos ||

4. Sira darbe bojo kawangênan amung | papat nora kêna luwih | miturut sarengat Rasul | mungguh kang aran maskawin | panarimane kang wadon ||

5. Lamun rupa slaka putih bobotipun | kang kalumrah mung satail | kêna uga liyanipun | rupa barang kang medahi | tumrap marang ingkang wadon ||

6. Ugêr uwis dadi sapanrimanipun | de idah têgêse nênggih | nyêrantèkakên puniku | kulup ana patang warni | idah kuruk kang sawiyos ||

7. Ngantarakkên tri pasucèn dangunipun | tumraping marang pawèstri | kang masih kèl sabên tèngsu | ngidah suhur kaping kalih | ngantarakkên tri pancorong ||

8. Tumrap maring wadon dèrèng (ng)garapsantun | lan mring wadon luwas gêtih | idah kamil katrinipun | ngêntèni lairing bayi | tumrap pêgat urip layon ||

--- 2 : 51 ---

9. Kaping pate idah wafat laminipun | pat wulan sapuluh ari | tumrap pêgat mati iku | kalamun wus luwih saking | idah lah iku si wadon ||

10. Kêna laki apan lêgan arannipun | de talak wêrdine nênggih | pêgat mungguh wênangipun | têlung rambahan tan luwih | beda-bedane kacriyos ||

11. Pêgat ngruntuhakên talak siji iku | kang sarta bayar maskawin | jroning ngidah lamun ayun | binalènan dadya rabi | datanpa ningkah wus munggoh ||

12. Lamun nora bayar maskawin puniku | jroning ngidah lamun apti | winangsulan rabinipun | kudu kaningkaha malih | myang maskawin kudu nganggo ||

13. Yèn pamêgat wadon wèh pamiwalipun | têgêse iku nguwèhi | pamancal mring kakungipun | yèn balèn ningkahan malih | (m)balèkkên pamiwal wutoh ||

14. Sauwise langkah saka ngidahipun | lamun balèn iya kenging | nanging nganggo ningkah iku | kang sarta nganggo maskawin | iku lamun padha condhong ||

15. Saupama mung caturan ala nganggur | kowe dak pêgat saiki | iku talake wus runtuh | sawiji datan aluwih | mula ywa nganti kabrojol ||

16. Lamun uwis pêgatan sapisan iku | ngruntuhkên talak sawiji | binalènan wadonipun | dumadya rabine malih | dadi talak kari loro ||

17. Ngruntuhakên talak loro kang winuwus | yèn nganggo bayar maskawin | jroning ngidah lamun ayun | wangsulan kinarya rabi | kêna tanpa ningkah yêktos ||

18. Lamun nora angsung ing maskawinipun | jroning ngidah lamun apti | winangsulan rabinipun | kudu kaningkaha malih | myang maskawin pasthi nganggo ||

19. Yèn pamêgat wadon wèh pamiwalipun | yèn balèn ningkahan malih | sarta (m)balèkakên wutuh | pamiwal marang kang èstri | kang dadi trimaning wadon ||

--- 2 : 52 ---

20. Sauwise langkah saha idahipun | mênèk balèn maksih kenging | nanging nganggo ningkah iku | kang sarta nganggo maskawin | samonèku mênèk condhong ||

21. Saupama amung guyon ala nganggur | kowe dak pêgat saiki | iku talake wus runtuh | talake ingkang kêkalih | sayêkti kari sawiyos ||

22. Lamun uwis pêgatan ping pindhonipun | balèn dadi bojo malih | kari siji talakipun | talak têlu dènaranni | poma dènangatos-atos ||

23. Talak siji lan loro ing sakjronipun | idah wadon (ng)garapsari | kalamun ngandhêg puniku | idah kuruk salin kamil | dadi sae yèn wus miyos ||

24. (ng)Gonne ngandhêg jabang bayi kang kinandhut | yèn (ng)gonne tan (ng)garapsari | saka lalara puniku | idah kuruk alêstari | mangka kabanjur iku wong ||

25. Luwas gêtih kang idah ginanti suhur | talak sawiji lan kalih | bain segra arannipun | têgêse pamêgat alit | nanging wus têtela yêktos ||

26. Ngruntuhakên talak têtêlu winuwus | jroning idah wus tan kenging | winangsulana puniku | binalèn kinarya rabi | yèn adrêng (ng)gonne jêjodhon ||

27. Wusing idah kudu linakèkkên iku | olèh janma ingkang kêni | ngrabèni mring wadon mau | sarta tumindak sarêsmi | wusing kalakon karongron ||

28. Kapêgatkên yèn wus idah ningkahipun | lagi kêna dibalèni | samonèku lamun purun | pinêgatkên (ng)gonne rabi | tan wênang (n)jiyat maring wong ||

29. Mangka uwus asih mring bojo kang kantun | têtêp nora kêdhah-kêdhih | kang akon ningkah kasingkur | talak têlu luwih rungsit | ati-atinên sayêktos ||

30. Nalikane ngruntuhakên talak têlu | mangka tan bayar maskawin | kawênangkên wadonipun | lamun nagiha maskawin | ingkang lanang kudu asok ||

--- 2 : 53 ---

31. Talak têlu pungkasan iku rannipun | talak bain kobra nênggih | têgêse pamêgat kang wus | têtêlu gêdhe pribadi | sarta umum sakèhing wong ||

32. Dene bojo kang têmên durung salulut | kalamun pêgat tan mawi | angantèni idahipun | rampung pêgat kêna laki | gantya ingkang winiraos ||

33. Kang ingaran kinuluk pan têgêsipun | copot (ng)gonne dadi rabi | sarana nganggo tinuku | kèhe amirid maskawin | akèhe ingkang patukon ||

34. Upamane bojone wis gênêp catur | mangka arêp rabi malih | salah siji bojo catur | sinilih ningkahirèki | bayar maskawin karopyok ||

35. Kang sinambut banjur têtêp pêgatipun | manawa arsa (m)balèni | marang kang kinuluk mau | ing sawanci-wanci kêni | samonèku kudu condhong ||

36. Wuse condhong kudu kaningkah rumuhun | sartane nganggo maskawin | saupamane kalantur | tan binalèn lakinèki | wusing idah iku wadon ||

37. Kêna laki ananging dèneling bagus | pitutur kasêbut ngarsi | lamun ningkahmu mung catur | luwih samono tan kenging | jurudêmung matur alon ||

103. Jurudêmung

1. Dhuh babo pupundhèn kula | nyuwun babar-pisanipun | mênggah èstri kang tan antuk | lamun kinaryaa garwa | Sèh Wakidiyat lingnya rum | kulup wadon kang tan kêna | dadi jatukramanipun ||

2. Akèhe iku wolulas | dhingin êmbok sapandhuwur | pindho anak wadonipun | sapangandhap nora kêna | katrine iku sadulur | kaping pate kaponakan | kang saka sadulur jalu ||

--- 2 : 54 ---

3. Kaping lima kaponakan | kang saka wadon sadulur | ping nêm bibi saka biyung | pitu bibi saka bapa | wolu inya sapandhuwur | sanga anak wadon ingkang | nunggal susu sapiturun ||

4. Ping sapuluh sadulur kang | inya ingkang nunggal susu | sawêlas ponakanipun | saka sadulur lanang |Kurang satu suku kata: saka sadulure lanang. uga ingkang nunggil susu | ping rolase kaponakan | saka wadon nunggal susu ||

5. Ping têlulas bibi saka | bapa ingkang nunggal susu | ping patbalas bibi iku | saka biyung nunggal powan | ping limalas marasêpuh | sapandhuwur nora kêna | nêmblas tilas bojo sunu ||

6. Ping pitulas patilasan | bojone sudarmanipun | kaping wolulase sunu | kuwalon lamun si biyang | uwus kêlakon salulut | kajabèku nora kêna | amayuh padha sadulur ||

7. Myang kaponakaning garwa | datanapi bibèkipun | saka bapa saha biyung | winayuh padha tan kêna | Mas Cêbolang nêmbah matur | kang kenging amalènana | paran katêranganipun ||

8. Kulup sababe dumadya | amalèni pan têtêlu | kang dingin karabatipun | kaya ta bapa myang êmbah | sadulur anak sadulur | lan paman saka ing bapa | paman uwa saking babu ||

9. Kalawan anake lanang | paman saking bapa babu | kalawan anake jalu | paman uwa saking bapa | ingkang pancêr saking jalu | kabèh malènana |Kurang dua suku kata: kabèh kêna malènana. samonèku kudu urut ||

10. Kapindhone jalma ingkang | amardikakakên èstu | ing amate kang satuhu | ping têlune sri narendra | sabab ngadame puniku | karabat kabèh tan liya | iki ta upamènipun ||

11. Sudarmane wus tan ana | nanging kaki maksih hidhup | iku dadi walinipun | bapa kaki wus palastra | sadulure lanang iku | sadulur lanang tan ana | sêdularesêdulure. bapakipun ||

12. Nir kang sadulure bapa | kaponakan miwah putu | saka sadulure kakung | atanapi paman uwa | nak sanake bapakipun | saturute iku kêna | yèn tan ana sadayèku ||

13. Lagi nyandhak janma ingkang | amardikakakên èstri | ing amate kang satuhu | lire iku sri narendra | Mas Cêbolang malih matur | kang dados guguring ningkah | ingkang pundi warninipun ||

--- 2 : 55 ---

14. Kulup upama kang lanang | edan miwah lara budhug | utawa bêlang kalangkung | nganti (ng)gigokkên manah |Kurang satu suku kata: nganti (ng)gigokkên manah. kang tan na sumênènipun | iku wadone pan kêna | anglêpasna ingkang jalu ||

15. Lan maninge lamun priya | tugêl pajalêranipun | utawa lara pêluh |Kurang satu suku kata: utawane lara pêluh. kawit sadurunge krama | winênangkên wadonipun | anglêpasna ingkang lanang | pratela marang ing kukum ||

16. Timbangane yèn wanita | mangka ana cêlanipun | edan lawan lara budhug | bêlang karya gigu ing tyas | katutup pawèstrinipun | dening daging lawan tosan | pinêgata uwus kusus ||

17. Sarta tan lawan tinalak | yèn (ng)gonne mangkono mau | sawuse klakon kadukul | maskawine wajib bayar | kalamun durung pulanghyun | maskawin tan susah bayar | yèn ngudur katur ing kukum ||

18. Matur nêmbah Mas Cêbolang | rapak paran artosipun | maha wiku lingira rum | kalamun ana wanodya | lami tinilar ing kakung | tan sinungan sandhang pangan | panggonan myang tan salulut ||

19. Banjur matur ing parentah | nyaritakkên ananipun | ngêntèni dhawuhing kukum | puniku kang linakonan | nuwun mênggah jangkêpipun | patrap uruting pratingkah | kang kalimrah ing prajagung ||

20. Maha wiku angandika | kulup utamaning kakung | angarêpkên wadon kudu | ingkang kanggonan catur |Kurang satu suku kata ( dhongdhing jatuh pada huruf a ): ingkang kanggonan caturan. asli apik anom ayu | asli karêpe kang gênah | bibite turut rahayu ||

21. Cacat kang pêrlu tan ana | lawan kang wus rêsik tuhu | pira bara prawan kêncur | watêke lamun pêputra | tan anglingsêmakên kalbu | anom umuring wanita | tan ngungkuli marang kakung ||

22. Watake yèn kalah yuswa | kurang rêsêpe kang kalbu | lawan kurang sukanipun | apik marang ing pambêkan | watêke numrapi iku | marang kadang prasanakan | datanapi marang batur ||

23. Utawa sarating ningkah | pan lilima kathahipun | ingkang dhingin ijab kabul | kapindhone wali lanang | katêlu pangantèn

--- 2 : 56 ---

kakung | kapat pangantèn wanita | ping lima saksi loro wus ||

24. Utawa sarating ningkah | pan lilima kathaipunkathahipun. | ingkang dhingin ijab kabul | kapindhone wali lanang | katêlu pangantèn kakung | kapat pangantèn wanita | ping lima saksi loro wus ||Bait 23 dan 24 sama seperti aslinya.

25. Lamun wali nora bisa | ningkahkên pribadi iku | angrêsaya maring kaum | utawa marang ngulama | kang wus winênangkên iku | aningkahkên sasama |Kurang satu suku kata: aningkahakên sasama. patrape mangkene kulup ||

26. Pangantèn lanang nèng wetan | angarêpakên pangulu | wali nèng loring pangulu | saksi loro anèng kanan | wusing miranti salarumsadarum. | kiyai wali nulya jawab |Lebih satu suku kata: kyai wali nulya jawab. marang kiyai pangulu ||

27. Mangkene wali lingira | nêdha kiyai pangulu | kula ngrêsaya satuhu | dhumatêng ijêngandika | ningkahakên anakulun | wadon aran Anu rara | angsal lawan bagus Anu ||

28. Kalawan maskawin slaka | pêthak satail wratipun | kinêncèng tuwin kasambut | kula èstu sampun suka | Ki pangulu sawusipun | nampèni wali turira | wicantên mring mantèn kakung ||

29. Bagus Anu jêngandika | tampèni paningkahipun | rara Anu anakipun | wadon Ki Anu kalawan | maskawin salaka pingul | bobot satail punapa | kinêncèng tuwin kasambut ||

30. Ki pangantèn aturira | maskawin kawula sambut | Ki Pangulu gya umatur | mring wali kauningana | yèn maskawin dipun sambut | Ki Pangulu nulya (n)donga | salisir maca tangawud ||

104. Salisir

1. Iya angudubilahi | minas saetanirajin | bismillah rahmani rakim | bismillah walkamduli ||

2. -Lahi rabilalamina | wasalatu wasalamu | ala Rusulilahi sa | -lalahu ngalaihi wa ||

3. -Slam usikum ngibadalah | wanafsihi takuwalah | anikahakên kawula | ing rara Anu punika ||

4. Anak wadone Ki Anu | ing jêngandika mas Anu | kalawan maskawin slaka putih |Lebih dua suku kata (dhongdhing jatuh huruf a): kalawan maskawin slaka. satail kang bobotira ||

--- 2 : 57 ---

5. Ingkang jêngandika sambut | jêngandika angucapa | ki pangantèn aturira | nuwun inggih gya angucap ||

6. Nuwun narima kawula | paningkahe rara Anu | ing kawula kalawan mas | -kawin slaka pêthak mulya ||

7. Pan satail bobotira | kawula sambut punika | ki pangulu wusing myarsa | wa barakal awit (n)donga ||

8. Tangawud lajêng bismilah | nulya (n)donga allohuma | alip lam alaeta |Kurang satu suku kata: alip lamim alaeta. bainal mai batinna ||

9. Allahuma tawil ngumur | rahuma wa sakih aji | sadahuma wanawira | kulubahuma wa sabit ||

10. Innama huma wa aksin | akamala huma wa wasih | arjaka huma wa ilahi | kaerikia riba huma ||

11. Fiddini wal dunya wal a | -akhirah iinaka ngala | kulli sain kodir tamat | paragating ingkang donga ||

12. Ki saksi nulya wacana | ki pangantèn dhawuh nata | jêngandika angèstokna | manawi ijêngandika ||

13. Nambang rabi jêngandika | (m)bok rara Anu punika | pitung sasi lakon dharat | rong tahun nabrang samodra ||

14. Saliyane nglakonana | ayahan dalêm sri nata | tan trimane bojo (n)dika | inggih bok Anu punika ||

15. Bapak dhumatêng ing kakim | andika lajêng ngrêntahna | ing talak (n)dika satunggal | myang bayar maskawinira ||

16. Ki pangantèn aturira | sandika gya sasalaman | mring pangulu myang saksinya | tuwin ujung para tuwa ||

17. Lawan kulup kawruhana | wali pangulu saksinya | kudu wong kang wus diwasa | kang sartane datan mawa ||

18. Cacat atanapi lara | kaya kang kasêbut ngarsa | kalamun nora mangkana | sarate pancèn tan kêna ||

19. Mas Cêbolang duk miyarsa | mangênjali ris turira | nuwun bilih makatêna | kajawi karsa paduka ||

20. Sêkawan pisan punika | kula pêgat sapunika | talak satunggal kewala | punapa sampun sakeca ||

--- 2 : 58 ---

21. Mèsêm ri sang maha tapa | iya wus padha sarasa | konên mrene garwanira | wus mentar kang sinung sabda ||

22. Sakawan pisan mangarsa | maha wiku ris ngandika | rara kabèh kawruhana | ing samêngko lakinira ||

23. Arsa mentar alêlana | tan karwan kang sinêdya |Kurang satu suku kata: tan karuwan kang sinêdya. mula sira ing samangkya | sami pinêgat sadaya ||

24. Sarta asung maskawinnya | rêntah talake sajuga | jro idah samangsa-mangsa | bali mrene banjur kêna ||

25. (m)Balèni sira sadaya | datan ana kara-kara | mula padha dinarima | susuwunên ing Hyang Suksma ||

26. Aja nganti lawas-lawas | gèk baliya amongraras | tyasmu aja ana uwas | sakawan sarêng mangaras ||

27. Kawula amung sadêrmi | ngêmban dhawuhe sang yogi | yèn kenging kula gendholi | têtêpa wontên ing riki ||

28. Mas Cêbolang lon lingira | yayi tan pantara lama | ulun wangsul mring asrama | tan bêtah anilar sira ||

29. Mung kang gêdhe apuranta | pra garwa arawat waspa | Mas Cêbolang gya ngabêktya | marang risang maha tapa ||

30. Garwa catur gantya-gantya | ngabêkti mring kakungira | santri sakawan mangarsa | wus sami pamit sadaya ||

31. Rampunging punang bicara | Mas Cêbolang lèngsèr sigra | tumurun saking ing arga | santri catur nèng wurinya ||

32. Pra garwa kantun anggana | kucêm sunaring nayana | kadi tinilar antaka | pinupus karsaning Suksma ||

33. Nêngna kang kantun nèng arga | yata wau lampahira | Mas Cêbolang kang winarna | datansah sabil ing nala ||

34. Datan ana kang kacipta | amung kang kantun ing arga | mawèh gung lara wigêna | dadya rêndhêt lampahira ||

35. Ing lampah kalunta-lunta | wus angancik wanawasa | kathah sawara kapiyarsa |Lebih satu suku kata: kathah swara kapiyarsa. sang anom lêjar tyasira ||

--- 2 : 59 ---

105. Sinom

1. Marmaning Hyang Maha Nasa | supe kang kantun nèng wukir | tan andimpeandipe. lampahira | kalamun prapta ing candhi | agêng tinon rêspati | anama ing Barabudhur | inggih candhi pra Buda | kathah rêca agêng alit | sumewa lir angganing kang para Buda ||

2. Anjêngêr Ki Mas Cêbolang | myang rencang sakawan santri | miyat candhi agêng pelag | kang kinarya sela langking | lir banon rimbaganing | wit ngandhap tumèkèngtumêkèng. pucuk | ingukir gêgambaran | tundha pitu tuhu adi | ngandhap candhi kinubêngan rêca-rêca ||

3. Agêng alit warna-warna | wontên ingkang sirah paksi | sirah macan sirah liman | sirah buron amêpêki | ana kang sirah jalmi | ngadêg atanapi lungguh | jèngkèng myang sila-tumpang | ana kang kadi sêmèdi | ana ingkang ngêmbat langkap mandhi gada ||

4. Salêsih miyat ing rêca | candhi nulya dèninggahi | wus prapta ing palataran | anon gambar kang nèng ringgit | têpung-gêlang ngubêngi | linajêngkên inggahipun | antuk kalih tataran | ingubêngan têpung tapis | linajêngkên minggah mring tataran tiga ||

5. Ingubêngan têpung-gêlang | tapis lajêng minggah malih | praptèng tataran sakawan | sawusira angubêngi | aso sadaya sami | Mas Cêbolang lingira rum | rèh wus sêrap Hyang Surya | prayoga aso kariyin | mêngko bêngi nginêp ing kene kewala ||

6. Ing ratri datan winarna | sawusnya Hyang Arka mijil | winangsulan dènnya miyat | saubêngan punang candhi | kathah rêca gêng alit | sadaya samya kinurung | ing sela têrancangan | tapis dènnira ningali | minggah malih margi mrapat praptèng pucak ||

7. Ngancik ing tataran gangsal | isèn-isènira sami | lan tatar tundha sakawan | kaot andhap sawatawis | myang wijarwiyar. datan sami | saya minggah mindhak ciyut | wus mubêng têpung-gêlang | lajêng minggah malih prapti | tatar nênêm lajêng minggah tatar sapta ||

8. Umiyat kurungan sela | tinarancang alus rêmit | nglêbête kurungan sela | isi rêca gêng satunggil | nanging panggarapnèki | kintên-kintên dèrèng rampung | saranduning sarira | kathah

--- 2 : 60 ---

kang dèrèng cinawi | kang samya myat langkung eram ing wardaya ||

9. Mas Cêbolang angandika | paran darunane iki | rêca agung tur nèng pucak | têka tan langkêp ing warni | yèn pancèn durung dadi | iku bangêt mokalipun | baya pancèn jinarag | êmbuh karêpe kang kardi | mara padha udakaranên ing driya ||

10. Santri catur aturira | kawula sami tan bangkit | (ng)gayuh karsane kang yasa | Nurwtri turira aris |Kurang satu suku kata: Nurwitri turira aris. kakang tan uwis-uwis | (ng)gonku dhêlêg-dhêlêg gumun | miyat kang gambar-gambar | kang anèng sela raringgit | garap rêmit tuhu bangkit kang ayasa ||

11. Cikar tinarik ing gajah | kang nunggangi baya aji | apêse kae kapala | awit nganggo dènpayungi | kalawan ana maning | prau layar konthing jungkung | ana kang nunggang gajah | ana kang anunggang wajik | pinayungan ingiring prajurit dharat ||

12. Ana janma nganggo êlar | ana wadon dhapur ngêmis | wurine rare kumêrap | ana nunggang tandhu joli | gambar kewan mêpêgi | iwèn lawan manuk-manuk | iwak loh warna-warna | kayon kêmbang wisma wukir | dak ucapna sadina mangsa rampunga ||

13. Wangune iku sadaya | pancèn ana critanèki | êmbuh jamane dhèk Buda | kang pinirid-pirid warni | anaa kang ngandhani | iba sukane tyasingsun | Mas Cêbolang ngandika | cocog lir gagasan mami | kuciwane tan ana kang tinakonan ||

14. Dangu kèndêl anèng pucak | ngalela ing Tidhar wukir | kawuryan sênêning arga | kukuwunge anêlahi | èngêt kusumèng ardi | satêmah agandrung gandrung | sinamar sabil ing tyas | wusana lingira aris | payo padha tumurun ywa tunggal marga ||

15. Marga kang wetan Saloka | margi kidul Palakarti | marga kulon Kartipala | kang lor aku lan Nurwitri | saenake lumaris | praptane ing tundha catur | ing kono pakumpulan | êndi kang prapta rumiyin | ngantènana dadi barêng udhunira ||

16. Wus linggar saka ing pucak | tan angêmpal ingkang margi | sarêng prapta catur tundha | kumpul aso sawatawis | [...] |Kurang satu baris: 7i. [...] |Kurang satu baris: 8u. [...] |Kurang satu baris: 7a. linajêngkên lampahnèki | dupi antuk rong onjotan samya rarywan ||

--- 2 : 61 ---

17. Sarêngan janma sajuga | Saloka tatanya aris | ki sanak kang nêmbe panggya | jêngandika saking pundi | kang tinanya mangsuli | kula saking candhi Mêndut | kang katingal punika | prêlu amung aningali | lah kantuna kula (n)dumugèkkên lampah ||

18. Mas Cêbolang angandika | payo padha aningali | tandya lampahira prapta | anèng sangandhaping candhi | nginggil ing pucak lancip | pasagi kêplêng kang wangun | lir masigit sinawang | sela krêsna kang kinardi | pan ingukir pinatra gambar sêkaran ||

19. Gêgambaran warna-warna | tan pae lawan ing candhi | Barabudhur kang wus kocap | ponang candhi dèn-ubêngi | Cêbolang umiyat ing | sajuga wiwara agung | lir wiwaraning guwa | rêsik gasik krisik limit | linêbêtan santri sakawan tan pisah ||

20. Pra samya kagyat umiyat | rêca gêng inggil nglangkungi | lungguh ngajêngkên wiwara | sela wêtah kang kinardi | ing kanan miwah kering | mèpèt pagêr manggènipun | rêca lit anyatunggal | trimurti wastanirèki | wusing miyat linajêngkên lêbêtira ||

21. Kadi nèng sajroning wisma | jarambah sela waradin | payon sela tanpa saka | sumêblak sarwa gumrining | maring tyas narambahi | ênêng madhêp ing Hyang Agung | tan ana kang karasa | amung nikmat kang pinanggih | kaya-kaya lumuh lamun yèn mêdala ||

22. Sêpi paningal pamyarsa | mung maruta silir-silir | mawèh têntrêming sarira | ratri sipêng nèng jro candhi | mijiling Sang Hyang Rawi | wus mêdal sadayanipun | lajêng ing lampahira | ing ênu datan winarni | ngancik tlatah têlênging karaton Jawa ||

23. Nagri agung ing Mataram | gêmah ripah pasir wukir | wingit tata tur raharja | kang jumênêng narapati | wali-yolah mumpuni | kyating rat (n)Jêng Sultan Agung | Prabu Nyakrakusuma | kang minangka patih (n)jawi | mantrimuka Adipati Mandaraka ||

24. Pangulu Amat Katègan | jaksa nama Jurukithing | tumênggung Sujanapura | pujangganira nagari | patih lêbêt (m)bawani | ran tumênggung Singaranu | wau Ki Mas Cêbolang | kalawan sakawan santri | (n)jujug anèng pamodinan pakauman ||

--- 2 : 62 ---

25. Wismane Amat Têngara | yèku abdidalêm modin | taruna maksih jajaka | ingêmong biyangirèki | samya eca nèng panti | kagyat mirêng kula nuwun | Têngara sigra mêdal | praptèng (n)jawi wus pinanggih | gupuh-gupuh ingacaran manjing wisma ||

26. Satata anèng jarambah | biyange milya manggihi | Ki Têngara manambrama | kisanak kang nêmbe prapti | ulun atur basuki | myang sintên kakasihipun | ing pundi kadalêman | miwah kang sinêdyèng kapti | Mas Cêbolang mèsêm manis sung wangsulan ||

27. Kalangkung panuwun kula | panêmbramanipun adhi | nama kula Ki Cêbolang | rencang ingkang wontên wingking | Ki Saloka Nurwitri | Palakarti tiganipun | sakawan Kartipala | saking ing Cilacap nagri | sêdya namung badhe sumêrêp Mataram ||

28. Dèrèng gadhah têtêpangan | pramila bilih marêngi | kula nyuwun sih andika | amondhok wontên ing riki | bilih sampun udani | karaton (n)Jêng sang aprabu | miwah ningali liman | tuwin mriyêm Nyi Sêtomi | kalilana lajêng (n)dumugèkkên lampah ||

29. Ki Têngara latah-latah | adhuh sampun walangati | nadyan langkunga sawulan | ki raka wontên ing riki | saèstu ingkang rayi | dahat sukarênèng kalbu | kula kang nêdahêna | dhumatêng ing pundi-pundi | Cêbolang ling sokur lamun makatêna ||

30. Punika klêrês punapa | èstri kang tumut manggihi | ki wisma ngling biyang kula | êmbok asunga pambagi | sanadyan nêmbe panggih | rasane atiku biyung | tumèmbêl kadi kadang | ora ilok lamun lamis | (m)bok Têngara alon wijiling wacana ||

31. Anak-anak sadayanya | sami katuran basuki | wontên sudhunge pun biyang | kang liningan saur pêksi | pangèstunta kapundhi | rahayu sadayanipun | Nyi Têngara gya mentar | mingak-minguk klithah-klithih | yun sasêgah jatine tan paran-paran ||

32. Mas Cêbolang datan samar | kalèjêmira nyi panti | nulya ngêdalkên mangumah | sêkul lêmêng anèng upih | pès-pèsan tambra abrit | lêmêngan sidhat myang kutuk | dhèndhèng ulam mênjangan | asinan kidang nèng klênthing | gèsèk-gramèh sambêl windu uyah lêmbat ||

--- 2 : 63 ---

33. Jênang dodol jênang nangka | jênang durèn jênang jiwit | sabun têpung sabun pisan | jêram kêprok dhuku manggis | kokosan kêpêl wangi | pêlêm sêngir dodol madu | sayuran brambang bawang | gêndhis arèn bubuk kopi | êtèh jawa gêndhis klapa arum pêthak ||

34. Antigan ayam myang kamal | pinindhang lan traos abrit | acar timun lombok bawang | uwos gaga pêthak abrit | kêndhil cèrèt têmbagi | kêndhil kwali enthong irus | cêthing têpungan sata | tapsirih pênuh miranti | kêba mendhong isi kalobot bêsutan ||

35. Kalasa batu plajêngan | mangkok piring panjang cangkir | wusing samapta sadaya | dhêrêk nèng jawining panti | Mas Cêbolang lingnya ris | paduka tampèni biyung | angsal-angsal sapala | nolèh maring catur santri | samya mêdal nglêbêtakên angsal-angsal ||

36. Kêbak ing sajroning wisma | mlongo dhêlêg nyai panti | Mas Cêbolang sigra (m)bikak | kêpèk isi sinjang lurik | lawan badhe kulambi | abrit cêmêng miwah wungu | ingaturkên ki wisma | adhi pun kakang nyukani | sinjang lurik gêgandhèngan lan pun biyang ||

106. Kinanthi

1. Êmbok ing salêbêtipun | kula mondhok wontên riki | kalawan rencang sakawan | sasêgahan ywa ginalih | ing sawontêne kewala | anggêpên batih pribadi ||

2. Ywa darbe rikuh-pakewuh | ing sakarsanta prayogi | punika kang angsal-angsal | saèstune kula darmi | muhung dadya lalantaran | paringe Hyang Maha Sukci ||

3. Bêrkah dalêm (n)Jêng Sinuhun | kang liningan lingira ris | e sokur Alkamdulilah | kula tan sagêd mangsuli | barokah wus binikakan | ngandhar-andhar angêbêki ||

4. Pinunjungkên lurahipun | kyai pangulu myang kêtib | ngulama miwah têtangga | ngiras angaturi uning | kapondhokan tiyang manca | saking ing Cilacap nagri ||

--- 2 : 64 ---

5. Laminya datan cinatur | dènnya nèng nagri Mantawis | sabên Ki Amat Têngara | ingundang mitranirèki | miwah kanca prasanakan | tanapi pra luhur Jawi ||

6. Tilawatan Amaulud | tuwin amaos Prajanji | Ki Cêbolang atut wuntat | kalawan sakawan santri | lamun mawi tarêbangan | Cêbolang lawan Nurwitri ||

7. Panarêbangira bêsus | dhasar warnanira sigit | swara landhung arum rênyah | warna angrêsêpkên ati | Mas Cêbolang ing samangkya | wus kathah wanuhanèki ||

8. Amat Têngara sampulur | rijêkinira amintir | pawèwèhe para mitra | tuwin kang sami paparing | dadya nora kakirangan | kang binukti sabên ari ||

9. Sadhengaha marganipun | kamurahaning Hyang Widdhi | wanci ngajêngakên Asar | ki modin maring ing masjid | Cêbolang sarencangira | tumutur marang ing masjid ||

10. Sawuse bêdhug tinabuh | têngara sêmbahyang Ngasri | sabakdane wêktu Ngasar | abdidalêm bêkêl kêtib | ngrasuk samir manggul talam | isi sêkar ratus wangi ||

11. Mas Cêbolang atanya rum | lah adhi nika punapi | kang binêkta sinongsongan | talam tinutupan putih | ingampil kêtib ngulama | sadaya sami umiring ||

12. Kakang sampun adatipun | sabên malêm Jumngah ari | anyêkari kang wus swarga | Panêmbahan Senapati | eyang dalêm kangjêng sultan | sumare sawingking masjid ||

13. Adhi punapa panuju | utawi manawi kenging | kula badhe (n)dhèrèk sowan | nyuwun barkah sapangating | kang amutêr tanah Jawa | kakang kalangkung utami ||

14. Sampun praptèng ngajêngipun | gapura sakidul masjid | rinarêngga asri pelag | wangun mirip Majapait | kuncine lawang binuka | sarwi maos salawati ||

--- 2 : 65 ---

15. Ririh lalagonan kidung | arum nyênyêt amimbuhi | wingite kang pasareyan | tan ana walang salisik | mung swarane maca slawat | ngalik-alik mawèh tistis ||

16. Sampun lumêbêt sadarum | praptèng palataran wradin | ayom kayoman kakaywan | nagasari tharik-tharik | sisih kilèn cakêt lawan | gapura kang kaping kalih ||

17. wontên bangsal alit bagus | payon sirap kajêng bêsi | kêtib ngulama sumewa | nèng bangsal amangênjali | maos salawat tan kêndhat | kumêlun padupan wangi ||

18. Gapura binuka sampun | lurah kêtib anèng ngarsi | ingkang samya atut wuntat | saranti lêbêtirèki | praptèng sajroning gapura | lampah dhodhok sadayèki ||

19. Kang nèng ngarsa kèndêl sampun | makidhupuh mangênjali | nulya abawa tahlilan | binarung sakèh kang ngiring | gumrênggêng angantak-antak | yayah sundhul ing wiyati ||

20. Tahlilan sawusing rampung | nulya (n)donga wanti-wanti | amin rêmpêg kadi umbak | paragating donga puji | cungkup agung payon sirap | tinutup gêbyog ingukir ||

21. Binatur ing sela pingul | jarambah sela cêndhani | wiwara sampun binuka | sadaya samya marêki | Mas Cêbolang ririh tanya | sintên kang sumare adhi ||

22. wontên salêbêting cungkup | ajajar tiga puniki | kakang niku kang satunggal | Kangjêng Nyai Agêng Ênis | kang ibu Kyagêng Mantaram | kang eyang (n)Jêng Senapati ||

23. Dene kang satungilipunsatunggilipun. | pasareyanya (n)Jêng Gusti | Pangeran Andayaprana | cariyospun si kaki |Kurang satu suku kata: cariyosipun si kaki. (n)Jêng Susunan Kalijaga | de satungilipunsatunggilipun. malih ||

24. Sinêbut (n)Jêng Kiyai Dhatuk |Lebih satu suku kata: Sinêbut (n)Jêng Kyai Dhatuk. Palembang ingkang wêwangi | (ng)gih punika Sultan Pajang | kacriyos kala ing nguni | wus sumare anèng Bêtah | dipun êlih mring Mantawis ||

25. Kang wontên ing (n)daganipun | punika Kyagêng Mantawis | ngandhaping Kyagêng Mantaram | Panêmbahan Senapati | Ngalaga yasèng Mantaram | dene ngandhapipun kêdhik ||

--- 2 : 66 ---

26. Sisih kilèn (n)Jêng Sinuhun | Seda Krapyak awawangi | kang sisih wetan punika | (n)Jêng Kyai Juru Mêrtani | nahan wusing sinêkaran | tinutup sadaya mijil ||

27. Wangsul maring masjid agung | sabakdane Ngisa nênggih | samya mantuk sowang-sowang | Amat Têngara ki modin | mantuk lawan tamunira | dupi nèng marga kapanggih ||

28. Ki Mongtrustha lurahipun | talèdhèk sajroning nagri | Ki Among sru latah-latah | basane kapasangyogi | nak modin lan tamunira | padha dak aturi kampir ||

29. Pinarak mring wismaulun | prêlu amung tak jak bukti | (m)bokmu olah lodhoh ayam | pindhang sungsum lidhah anyir | bubuk dhêle karotogan | krupuk bangka lawan pêtis ||

30. Ki modin anolèh pungkur | Mas Cêbolang wus atampi | kula andhèrèk kewala | ki modin angling suwawi | sampun kerid lampahira | praptèng paregolan (n)jawi ||

31. Para arum-arum mêthuk | abusana gaganda mrik | ingkang angliga sarira | payudara maya kengis | ririmongan ngore rema | lêlewanira kinardi ||

32. Mawarna panganggenipun | panjrah lir puspita mungging | patamanan Argasoka | Cêbolang atanya ririh | punika pyantun punapa | ayu-ayu warni-warni ||

33. Kakang punikèstri punjul | kêkasih Hyang UdipaiiUdipati. | upami jaman kaendran | waranggana ing swarga di | sarêng jaman ing Mataram | punika kang nama ringgit ||

34. Sadhengaha ingkang ayun | janji mawi srana picis | pundi ingkang kinarsakna | winênangkên nandhing milih | kairas tuwin binêkta | ing sak sayahipun kenging ||

35. Mas Cêbolang mèsêm manthuk | pra arum samya nambuhi | solah tanaga suwara | (ng)garubyug wênèh (n)jajari | praptèng wisma ingancaran | pinarak munggèng pandhapi ||

36. Bujakramane lumintu | datan liya kang ngladosi | para apsari sadaya | dhokoh nora wigah-wigih | para tamu jrih tumingal | tumungkul ambajong liring ||

--- 2 : 67 ---

37. Kang kapanduk tyas kumêpyur | ênar-ênir sênig-sênig | riwe kumyus marawayan | Ki Saloka Palakarti | kalawan Ki Kartipala | katrinya tumungkul êning ||

38. Ki Amongtrustha lingnya rum | anggèr sampun mawi ajrih | punika anak-anakan | sanès yogangong pribadi | tumênga Ki Mas Cêbolang | tanya pintên kang pangarsi ||

39. Anggèr kalihdasa amung | kang nate mungkasi kardi | (m)bêdhah praja (m)tuk(n)tuk. boyongan | pun Anggrèk pun Nagasari | pun Capaka Rukêm Kalak | pun Dilêm Taluki Sruni ||

40. Wungu Landêp Pudhak Dhuru | pun Jêlamprang Manis Nyinyir | Mèlêm Landêp Bayi Thilang | pun Ngidung ingkang mungkasi | radi kuciwa ing wanda | mung suwara awèh brangti ||

107. Asmaradana

1. Wusnya wanci lingsir ratri | Ki Saloka Kartipala | Palakarti katigane | samya aso mring modinan | de para waranggana | mantuk maring têngganipun | sadhiya lamun kampiran ||

2. Kang kantun anèng pandhapi | gunême tan ana kêmba | gupruk gar-gêr sru gujênge | Mas Cêbolang lon lingira | Kiyai Amongtrustha | paranta darunanipun | pra apsari asih trêsna ||

3. Niku anak wontên kalih | saking isarat myang tingkah | kang kalêbêt tyasing wadon | kasiyat saking pandhita | Lukmanulyakin nama | bab kêmate apulang-hyun | dununge rasèng wanita ||

4. Ing dalêm saari-ratri | awit suruping Hyang Arka | tumêkèng pêndhak surupe | rahsa angalih panggonan | anut lampahing tanggal | sapisan nêmbêlas gathuk | têkèng tanggal tigangdasa ||

5. Lamun ayun pulang rêsmi | anuju tanggal sapisan | awit arasên bathuke | tanggal pindho awit ngaras | pupusêr tanggal tiga | wiwit mijêt wêntisipun | kanan kering karo pisan ||

6. Ping pat mijêt lêngên kalih | kaping lima awit ngaras | ing prêmbayun kalih cêcêg | Ki Têngara Mas Cêbolang | Nurwitri sami latah | de tanggal kaping nêmipun | kawit ngaras slaning imba ||

--- 2 : 68 ---

7. Tanggal kaping pitu awit | ngaras slaning payudara | ping wolu ngaras lathine | ing nginggil lawan ing ngandhap | tanggale kaping sanga | mijêt pupu kalihipun | sarta angusap walikat ||

8. Tanggal ping sadasa awit | garapên wêtênge ika | ping sawlas ngaras granane | ping rolas ngusap walikat | tanggal ping tigawêlas | wiwit angaras prêmbayun | jumbuh lan tanggal ping lima ||

9. Kaping kawanwêlas wiwit | ngaras lathi ngusap suryan | ping gangsalwêlas wus pantog | wiwit ngaras kalih imba | puniku yèn linakyan | kalangkung utamanipun | awit punika wanita ||

10. Pakolèh rahsa kang luwih | nikmat kalawan manpangat | de kapêndêng panggonane | dèn ungsir têmah glis mêdal | katarik gunging trêsna | pun wadon mring kakungipun | tan darbe cipta liyanya ||

11. Trênyuh tyas mung ciptèng laki | tamat kang saking prêtingkah | wontên malih saking êmèl | bilih nuju among raras | punika kang winaca | Alahuma jannibinus | saetan mara jattana ||

12. Yèn badhe bêtah kêpati | ron lêgundhi ron widurya | myang babakan trênggulunetrêngguline. | pinipisa ingkang lêmbat | ginalintir inguntal | lah punika èsmunipun | winaca ping kalih wêlas ||

13. Kumala sahaheka di | kun payakun ilaika | datuka muka natane | -ka Allahuma yamuka | nunujra rumnya ala | huyamuka datbiramu | ika sangkrama rakiman ||

14. Yêkti kuwat dakarnèki | sartane tan nuntên mêdal | wontên mèl pangampêt manèh | kaol saking tiyang sabrang | bilih ayun sahuwat | winacaa kaping têlu | yêkti dangu wêdalira ||

15. Ari panas rênggang bumi | ari hujan rapêt kisma | utawi dènusapake | marang darbèking wanita | rapêt kadi parawan | yèn arsa miyoskên gupuh | mung winalik êmèlira ||

16. Pami botên akaronsih | nanging sagêd trusing rahsa | amung gêmriming mundrine | pinidih niki mèlira | kunta ngalai mukadas | brai mung punika sampun | yêkti kumyus marawayan ||

--- 2 : 69 ---

17. Utamine sahuwati | lawan wadone priyangga | aywa raosan salire | tuwin ywa angalêmbana | sakawit amaosa | tangawud sawuse putus | lajêng maos Bissêmilah ||

18. Hirakêmanirakimin | nuntên amaos rabana | rabini rabi inni-ne | wêdaling kang punang rahsa | (m)bun-bunan tiniyupa | ywa ambêkan kaping têlu | ing batin maos punika ||

19. Bismilah rahmanir rahkim | macan putih ana (n)dhadha | umêtu banyu uripe | ing urip sajroning toya | lailaha ilolahu | Mukhamad Rasulolahu | wontên malih sarat-sarat ||

20. Mawi lapal sinêrat ing | dhaharan ron dalancang |Kurang satu suku kata (dhongdhing jatuh pada huruf a): dhaharan karon dalancang. punika anak wêrdine | parimbonira binuka | sadaya samya miyat | katrinya anurun guyup | winantu sukaning driya ||

21. Mas Cêbolang tanya malih | èstri mrih saekapraya | kadiparan ing sarate | Amongtrustha mèsêm lingnya | anak pratingkah kasar | ing sawusira pulang hyun | têka kèndêlna kewala ||

22. Aywa nganggo dènbêrsihi | nulya kagêm rambah-rambah | marang wong wadon sanèse | sadaya ingkang kaambah | adat kang wus kalakyan | nadyan nganti èstri wolu | sadaya anunggal karsa ||

23. wontên ingkang alus malih | pangèdhêpan pangasiyan | miwah saeka kaptine | ananging punika sarat | kêdah mangsuk ing angga | sadhengaha tingkahipun | watone klêbêt padharan ||pangasihan.

24. Kumpule kêrokan dhiri | wontên kalihwlas pangenanpanggenan. | pasung myang kalamênjinge | kukulung ati kalawan | kêkèlèk kalihira | tuwin têkukaning sikut | ingkang têngên miwah kiwa ||

25. Têkukan gêl-ugêl kalih | èpèk-èpèk kalih pisan | slaning jêmpol asta karo | kalawan kalih walakang | têkukan dhêngkul samya | tungkak kalih myang slanipun | jêmpolan suku kalihnya ||

26. Jangkêp kalihwêlas warni | nulya winoran kalawan | ing rahsane pribadine | wus kumpul dadya satunggal | tinrap pèk-èpèk kiwa | asta kanan ngudhêg gupuh | maos Ya Allah Mukhamad ||

--- 2 : 70 ---

27. La makbuda ilolahi | la nujudda§ Prayoginipun / mujudda /. ilolaha | ping tiga nulya winorke | dhaharan myang (n)juk-unjukan | ingasungakên marang | pun êndi kang dadya kalbu | Insa Allah asih trêsna ||

28. Taksih kathah ingkang warni | nanging punika wus cêkap | winantu lawan bêgjane | sadaya nuwun turira | wus wanci gagat enjang | Amongtrustha lingira rum | prayoga sami bibaran ||

29. Tamu katri minta pamit | wus linilan lèngsèr sigra | sapraptanira ing pondhok | ngaliyêp amung sakêdhap | satangining anendra | Ki Cêbolang lingira rum | adhi wawi miyat liman ||

30. Ki modin angling prayogi | sawusnya nadhah sarapan | sigra mentar lan tamune | prapta lun-alun pêngkêran | (n)jujug ing pawantilan | umiyat dipangga jalu | gadhing pêthak sêmu jênar ||

31. Agêng inggil lêma klimis | Cêbolang tanya kisanak | dipangga sintên namane | srati Gajahsura lingnya | kagungan dalêm liman | paring dalêm (n)Jêng Sinuhun | nama Kyai Brajamuka ||

32. Sadangunira ningali | anyukani kang têtêdhan | kalapa têbu pisange | satêlase kang tatêdhan | kang samya anon liman | linajêngkên lampahipun | arsa aningali sima ||

33. Mêdal jroning balowarti | anjog wetan siti bêntar | prapta alun-alun êlèr | pojok ingkang kidul wetan | prênahe kandhang sima | kinarangkèng glugu bakuh | datan dangu miyat sima ||

34. Mêdalira amiyarsi | swara gumrênggêng tan kêndhat | Mas Cêbolang tatanya lon | adhi swaraning punapa | kang gumrênggêng punika | lah kakang kumandhangipun | pêkên agung ambrêmara ||

35. Wawi adhi aningali | dupi wus prapta ing pasar | kalangkung eram driyane | kathahe wong wawadeyan | miwah ingkang têtumbas | jêjêl-uyêl suk ingêsuk | nanging tan na sangsayangya ||sangsayanya.

36. Mas Cêbolang tumbas kêris | lêrês pamor bêras wutah | rêgi gangsal reyal kropyok | tanya adhi dhapur napa | ki modin tan uninga | wawi kakang sami mucung | mampir dhumatêng Pandheyan ||