Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 2 : 143 ---

126. Balabak

1. wontên malih kang dèrèng kasêbut ngarsa | namane | kang rumiyin irah-irahan punika | kulême | kang wontên ing lêbêting sirah sadaya | manggènne ||

2. Ingkang nami sarehan tatal wangunan | ulame | daging sae dene kang nami pêthilan | tatale | daging awon pancèn dadya darbèkira | gubêle ||

3. Ingkang nami thethelan saugi tatal | daginge | abrit pêthak ingkang katut wontên cucal | sartane | wontên babat dene kang nama cacahan | daginge ||

4. Ingkang taksih kêlèt wontên ula-ula | balunge | awit cêngêl dumugi ing pucakira | buntute | ingkang nami olor gajih isinira | balunge ||

5. Ingkang nami dhèndhèng (ng)gih punika ulam | ginawe | tipis-tipis apan lajêng pinêcakan | kaêpe | dene ingkang nama paru (ng)gih punika | kêbuke ||

6. Sasampunipun ginodhog lajêng dhinèndhèng | kaêpe | dene dhindhihdhidhih. êrah ingkang taksih mêntah | lajênge | sarinipun dhidhih sinaring ing irig | ginodhog ||

7. Kang saringan winastanan sarèn pêthak | namane | ampasipun winastanan sarèn abrit | de cècèk | cucal kang ginodhog lajêng dènris-iris | kaêpe ||

8. Ingkang nami krècèk sami ugi cècèk | kaote | wusing pine lajêng kaungkêp kalawan | lisahe | pangolahnya ginorèng krupuk namanya | gurihe ||

9. Ingkang nami rambak wontên warni gangsal | cacahe | saking sikil cucal agêng pajalêran | dhigule | myang sayadan agêng kandêle tan racak | wujude ||

10. Ingkang nami gajih topong wontên babat | sumpinge | dene gajih tigawêlas warninira | namane | walêr wadhuk dhadha ginjêl cêcangklakan | tangkare ||

11. Ulur jambal impês buncit tênggok limas | palwalangpalwalèng. | dene grabyas [gra...]

--- 2 : 144 ---

[...byas] sasayadaning sadaya | gajihe | wus sêlêsihtalêsih. nama badaning maesa | srandune ||

12. Lagya kèndêl kasaru Nyi Padmasastra | dhatênge | ingaturan pinarak cakêt ki wisma | lungguhe | sawusira sinambrama myang sinêgah | gantène ||

13. Pujastuti matur mring Nyi Padmasastra | têmbunge | uwa kula saèstu mêling sêkaran | diangge | para rencang utawi wayah sampeyan | pangantèn ||

14. (ng)Gih sandika ingkang dènpundhut punapa | namane | o lah uwa saèstune kirang têrang | rikine | lah ta uwa mugi kapangandikakna | warnine ||

15. Nyai Padmasastra lajêng mêdharsabda | têmbunge | langkung kathah mênggah sêkaran punika | cacahe | ingkang kula aturkên kang wus kalimrah | kaangge ||

16. Sindur wlaka dhasar jingga sèrèt pêthak | kaliye | sindur êmas sèrètipun ijêm dhulang | sanèse | de siwalan copot wungu byur sèrètnya | pêthake ||

17. Dewa-yuwa wungu sèrèt ijêm dhulang | sanèse | mangkya dhasar gadhung sèrètipun jingga | namane | klabang-antup yèn sèrèt wungu gêndholak | namane ||

18. Panji pilis bilih sèrètipun pêthak | namane | (ng)gih punika pandhanbinêthot wus têlas | kang sèrèt | mangkya ingkang sêkaran mawi têngahe | namane ||

19. Gulaklapa têngah pêthak pinggir jingga | kaliye | podhangnusup sari jingga têngah jênar | tigane | pacingtawa têngah jambon pinggir jingga | ing mangke ||

20. Pareanom dhasar gadhung têngah jênar | kaliye | gadhungmlathi dhasar gadhung têngah pêthak | tigane | mayangmêkar dhasar gadhung ijêm dhulang | têngahe ||

21. Sakawane papasan-matêng punika | warnine | dhasar gadhung êbyur têngahipun jingga | maliye | kêmbang-kangkung dhasar wungu têngahira | pêthake ||

--- 2 : 145 ---

22. Ratubêndu dhasar wungu têngah jingga | katrine | kêmbang waru dhasar wungu têngah jênar | dadare | kêmbang-blimbing dhasar wungu ijêm dhulang | têngahe ||

23. Paru-paru dhasar wungu têngahira | jambone | kêmbang bênguk dhasar wungu têngahira | birune | dene ingkang winastanan bangun-tulak | warnine ||

24. Cêmêng èbyur dene tatêngahanira | pêthake | alas-kobong cêmêng têngahira jingga | ing mangke | sasêkaran ingkang warnanipun tiga | corèke ||

25. Puspa-dara dhasar wungu kêndhit pêthak | têngahe | kuning-dadar de panji-lêng-lêng punika | dhasare | wungu sêkar kêndhit pêthak têngah jingga | kaliye ||

26. Panji-gandrung dhasar wungu kêndhitira | ijême | têngah jingga ganti malathi-salangsang | namane | dhasar gadhung kêndhit pêthak têngah jingga | sêmune ||

27. Mantèn-anyar dhasar gadhung kêndhit jingga | têngahe | pêthak mêmplak dene kang nami bandhoga | dhasare | gadhung sêpuh kêndhit jênar têngahira | jinggane ||

28. De onêngan gadhung kêndhit wungu têngah | putiye | tamioyi gadhung kêndhit wungu têngah | ijême | gunungsari gadhung kêndhit wungu têngah | kuninge ||

29. Mung punika kang wus kaprah kangge jalma | warnine | kang tan pantês kaagêm kalangkung kathah | cacahe | amung tumrap kaangge sajèn kewala | damêle ||

30. Kang wus tumrap sajèn sanadyan pantêsa | dènangge | ing titiyang saèstu kirang prayoga | saene | siningkiran supadinira widada | karsane ||

31. Sasêkaran tan wontên awisanira | èstune | amung singit tan kenging kinira-kira | halate | kang sampun mupakat kacriyos dumadya | agême ||

32. Para luhur para nataning lêlêmbut | dhanyange | mangka wontên ingkang purun-purun (n)jarag | angangge | kathah ingkang anêmahi tan prayoga | tiwase ||

--- 2 : 146 ---

33. wontên ingkang botên kenging babarpisan | kaangge | iyasaa kewala ugi tan kêna | sanèse | naradipa ugi tan kêna ngagêma | slirane ||

34. Muhung kagêm sajèn saking karsa nata | kenginge | (ng)gih punika dara-muluk namanira | dhasare | wulung dilêm kêndhit pêthak têngahira | wulunge ||

35. Kacariyos punika agêm sri nata | mandhirèng | ardi Lawu ngratoni lêlêmbut arga | êrèhe | satunggilnya wastanipun udaraga | dhasare ||

36. Tigang warni wungu gadhung miwah jingga | sèrète | wiyaripun tigang nyantun udakara | warnine | pinggir jingga nuntên ijêm sorot jênar | birune ||

37. Tinon wingit kadya kukudhung wangkawa | gêbyare | (ng)gih punika agêm dalêm pramèswara | (n)Dalêpèh | ajêjuluk Kangjêng Ratu Widanangga | sartane ||

38. Agêm dalêm Kangjêng Ratu ing Tunjungbang | prajane | ing têlênging sangantênsagantên. kidul punika | kratone | kang anduduk (n)Jêng Ratu Kidul minulya | parabe ||

127. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Bilih wontên dhawuh dalêm sang aprabu | yasa sêkaran kang nami | uda-raga dara-muluk | ingkang (ng)garap kêdah rêsik | ing (n)jawi miwah ing batos ||

2. Jroning garap padupan kêdah kumêlun | kang langkêpjangkêp = jangkêp. sêsajènèki | sajèn sabên dintên santun | saupami kirang rêsik | dupa sajèn tan mirantos ||

3. Pan saèstu lajêng wontên angin agung | maligi ing griya mami | kang (ng)garap kadhang sumaput | botênipun lajêng sakit | têrkadhang tumêkèng layon ||

4. Mila kêdah angatos-atos satuhu | botên kenging ginagampil | èstu agêng halatipun | paran kang dipun karsani | kula mung cumadhong dhawoh ||

--- 2 : 147 ---

5. Nyai Pujastuti awacana arum | mênggah cacah tuwin warni | atanapi tumrapipun | kacêkaping sadayèki | sumangga uwa kemawon ||

6. Sampun mawi wagugên tyas saha rikuh | rêrêgèn kapanggih wingking | janji kacêkap kang pêrlu | kula mangke angaturi | patumbasanipun lawon ||

7. Kathahipun salangkung reyal rumuhun | Padmasastra wus atampi | myang sinagahan sadarum | kasaru wau kang prapti | Nyai Sriyatna wus lunggoh ||

8. Pujastuti ngacarani tamunipun | mangga (n)dika parêng ngarsi | lami ulun ngayun-ayun | punapa sami basuki | Nyai Sriyatna lingnya lon ||

9. Pandongamu iya bèng padha rahayu | nahên para tamu sami | sadaya atur rahayu | Nyai Sriyatna nanggapi | iya padha karahayon ||

10. Pujastuti amingsêr dènnira lungguh | sarta aturira aris | bok cilik bilih panuju | winantu dhanganing galih | badhe damêle pun Bruwok ||

11. Rèhning kula dèrèng sumêrêp saèstu | bab sarat amangun kardi | sajèn ing sasaminipun | bucalan mulèn kêndhuri | sadaya punika borong ||

12. Dhuh (m)bok-cilik ngandikakna warninipun | kula lajêng nyadhiyani | Nyai Sriyatna lingnya rum | iya aja walangati | lah mangkene kang wus klakon ||

13. Sadurunge ngadêgake ingkang tarub | sumur sajroning capuri | lan sakiwa têngênipun | kabèh sarat dicêmplungi | krambil satabone wutoh ||

14. Lan pêndhêman iku prêlokna rumuhun | ing ngarêp regol ing (n)jawi | myang ngarêping pintu-pintu | kang kaambah nambut-kardi | tuwin têngah latar kono ||

15. Lan ing dlanggung prapatan kang bakalipun | ingambah benjang yèn mulih | marang omahe kang jalu | barêng kalawan (m)buwangi | kabèh iku dikalakon ||

--- 2 : 148 ---

16. Kang pêndhêman arupa lênga nyagêndul | kalawan kang tigan pitik | kêmiri kang gêpak jêndhul | kluwak dhêle kacang ruji | gêrèh pèthèk ampo uwos ||

17. Dhuwit amung saprapat tan kêna langkung | dadi siji diwadhahi | ing êmpluk anyar tinutup | bêndha dene kang nèng takir | jênang abang baro-baro ||

18. Gêcok mêntah matêng gantale ywa kantun | de buwangan saka kori | pawuhan pakiwan sumur | jênang putih jênang abrit | lawan jênang baro-baro ||

19. Gêcok mêntah matêng sêkar gantalipun | (n)dhog pitik bêras kêmiri | kluwak dhêle artanipun | saprapat lan kacang ruji | padha lan pêndhêman rêko ||

20. Slamêtana adêge ingkang tatarub | rong ambêng sêga luluti | lan rong ambêng sêga wuduk | nêm ambêng basahan nasi | golonge rorikur jodho ||

21. Jajan pasar dhawêt rujak wadhah katut | pêcêl pitik jangan mênir | lêmbaran jagowan pingul | jênang abang putih baning | lawan jênang baro-baro ||

22. Jongkong inthil pisang ayu sêdhah ayu | pinêpakan abonèki | jambe gambir (m)bako apu | ujub pasrahna mring naib | sayêktine uwis wêroh ||

23. Sajèn awit ambêlèh maesa iku | panggang tumpêng krambil siji | jajan pasar aywa kantun | gula krambil jodhog kêndhi | kalasa pandhan sawiyos ||

24. Tindhih dhuwit suwung saprapat puniku | ingkang kok anggo susulih | sarat linggih gigiripun | mesa sawuse tinali | iku kudu nganggo prabot ||

25. Kêmbên bangun-tulak sinjang tuluh-watu | kulambine wulung langking | (ng)gendhong têtêl nganggo payung | klasa ginêlar ing gigir | nulya lininggihan gupoh ||

26. Karo jawab mangkene ing têmbungipun | Ki Gumbrêg panyuwun mami | momonganmu dak(ng)go mantu | bisaa babar (m)brêkati | sarta turah karahayon ||

--- 2 : 149 ---

27. Sajèn adang manut dêging dandangipun | dandang siji sajèn-siji | panggang tumpêng klapa wutuh | jajan pasar jodhog kêndhi | gula klapa tangkêp wutoh ||

28. Gêdhang suruh saprabote ayu-ayu | kalasa pandhan sawiji | rong wang saprapat artèku | arahên rambah kaping tri | dandang binorèhan klomoh ||

29. Wusing ngadêg kang kutug aywa kalimput | ing pawon mangkono ugi | sabên wus dadi kang latu | aywa lali anyêmplungi | mênyan mring cangkêming pawon ||

30. Sajèn gêdhong bêras ing mangkya winuwus | panggang tumpêng krambil siji | klasa pandhan bêras payung | jajan-pasar gula krambil | lawe kêndhi lawan jodhog ||

31. Jadah wajik gêdhang ayu suruh ayu | rêrangkene jungkat suri | kaca kêmbang borèh arum | mênyan nganggo tindhih dhuwit | rong uwang saprapat wutoh ||

32. Sajèn pawon gêdhong ulam gêdhong sêkul | gêdhong dharan gêdhong sirih | lawan sajèn gangsa agung | sajèn paturon pangantin | cacah warnane tan seos ||

33. Panggang tumpêng jajan pasar krambil wutuh | jadah jênang gula krambil | kêmbang borèh mênyanipun | kaca cilik jungkat suri | klasa pandhan kêndhil jodhog ||

34. Suruh ayu saprantine gêdhang ayu | rong wang saprapat kang tindhih | têkan ing sapasaripun | amung rambah kaping kalih | utama luwih ping pindho ||

35. Sajèn majang patanèn (n)jaba jronipun | panggang tumpêng pitik urip | klapa wutuh cacahipun | kabèh iku ngloro iji | kalawan rong kati uwos ||

36. Lênga kacang uga amung loro gêndul | klasa pandhan têlu iji | panganan tumpêng têtêlu | jajan pasar jungkat suri | kaca mênyan sêkar konyoh ||

37. Gêdhang ayu suruh ayu jambe ayu | ênjêt mênthur gambir kuning | jadah wajik pondhoh biru | padha tinêtêla sami | pring sadhapur inthil jongkong ||

--- 2 : 150 ---

38. Lêr-ulêran kalêpon gimbal cêngkaruk | palèrèt srabi kang putih | pindhang antêp kalakipun | pêcêl pitik jangan mênir | pitung jodho sêga golong ||

39. Sêga wuduk lêmbaran ayam kang wutuh | gêrèh juwi mung sarakit | rong wang saprapat artèku | lan sadhiya mayang wangi | miwah cacarangan suroh ||

40. Iku suruh bakal tinlênikan apu | lawan lètrèk têlung warni | kêmbangan pacing tawèku | papasan matêng lan malih | jrudêmung pandhan pinêthot ||

128. Jurudêmung

1. Mayang jambê lawan sêdhah | sawise tinutul-tutul | lan lètrèk tri warna wau | winiru ingkang prayogi | canthèlna cincinganipun | patanèn de kang pinatah | majang milih dyah kang sêpuh ||

2. Sajèn garenda winarna | panggang tumpêng klasa wutuh | jadah jênang pondhoh biru | satangkêp gula kalapa | gêdhang ayu suruh ayu | satundhune pamucangan | jungkat suri kaca timur ||

3. Lênga sundhul ing awiyat | jajan-pasar kêmbang campur | mênyan lawan konyoh arum | jodhog kêndhi klasa pandhan | tindhih arta aywa kantun | kèhe rong uwang saprapat | iku mung sapisan uwus ||

4. Sajèn adus bakal ngantyan | rambah kaping pindho amung | tumpêng robyong arannipun | kalawan tumpêng janganan | jajan pasar gêdhang ayu | suruh ayu saabênnya | kêmbang mênyan borèh arum ||

5. Tindhihe rong wang sêprataptsêprapat. | patêlêsan lawon pingul | kêmbang sataman ywa kantun | iku kang kinarya siram | wusing adus gya rinatus | kabèh saranduning badan | iya lawan remanipun ||

6. Sajèn paès rong rambahan | sarambahane winurus | panggang tumpêng krambil wutuh | pitik urip gula klapa | jadah jênang pondhoh biru | kêmbang borèh jajan-pasar | gêdhang ayu suruh ayu ||

--- 2 : 151 ---

7. Langkêp saadune pisan | jungkat suri kaca timur | lênga sundhul mega biru | tindhihe salawe uwang | anadene linggihipun | kalasa pasir kang rembyak | talèmèkira cinatur ||

8. Godhong kluwih alang-alang | godhong apa-apa iku | lawan godhong kara uwus | jarik amba myang sumêkan | êncit ing sapantêsipun | lètrèk ingkang warna-warna | kang pêpak kêmbanganipun ||

9. Opahe rong reyal sowang | patang reyal gunggungipun | ingkang dènanggo sadarum | klambi jarik kasêmêkan | kabèh dadi darbèkipun | nyai tukang juru pahyas | sapangadêg basanipun ||§ Prayoginipun / bagyanipun /.

10. Bakal pangantène lanang | mung kinêrik alisipun | yèn brêngos uga cinukur | tanapi kakêtêpira | kirêrik godhèg pinatut | sajèn talèmèke padha | mung sapisan bae uwus ||

11. Sarta ora nganggo opah | amung jarit klambi sabuk | iku dadi duwèkipun | kang ngêrik pangantèn priya | lan sajèn-tlèmèk sadarum | nanging datanpa suguhan | panganan lan iwak sêkul ||

12. Amung wedang lan panganan | de tukang pahyas dyah wau | suguhe wedang kang patut | iwak panganan rinampat | sêkul pêthak panjang munjung | binarkat dadi rong jodhang | kang samuwa wujudipun ||

13. Nahên sajèning paningkah | panggang tumpêng klapa wutuh | gula krambil ayam idhup | pondhoh wajik jadah jênang | jajan pasar borèh arum | kêmbang mênyan suri jungkat | kêndhi jodhog kaca timur ||

14. Suruh ayu sabumbunya | satangkêp kang pisang ayu | lênga sundhul-langitipun | lawe lan kêkalih cikal | rong wang saprapat tindhih mung | sabêruk bras klasa pandhan | sakacu kang lawon pingul ||

15. Sanggan sarakit warnanya | patang tangkêp gêdhang ayu | suruh ayu abênipun | sarwa wêtahan sadaya | pari kisi agêl kapuk | lênga sundhul-langit jungkat | suri kaca dom-wajèku ||

--- 2 : 152 ---

16. Asêm kunir mênyan kêmbang | borèh arum aywa kantun | anyêtukêl lawenipun | artane nyêlawe uwang | mori putih kanggo tutup | tinata dadi sawadhah | poma aywa na kalimput ||

17. Klasa pandhan linambaran | mori putih têlung kacu | linggihan paningkahipun | suguh pangulu binêrkat | rampadan lèmpèr sadarum | tumpêng siji ingkang pêthak | iwak rampadan rong puluh ||

18. Panganan olah-olahan | pala pêndhêm simpar gantung | akèhe uga rong puluh | kabèh winadhahan jodhang | kabèh wadhah sanggan wau | sampat rarangkenira |Kurang satu suku kata: wus sampat rarangkènira. tinata makêndhung-kêndhung ||

19. Panêbus sadhiyanana | winadhahan ingkang patut | satangkêp gêdhang kang ayu | suruh ayu saabênnya | pari kisi agêl kapuk | lênga sundhul-ing-awiyat | mênyan kêmbang borèh arum ||

20. Jungkat suri êdom waja | satangkêp gula klapèku | asêm kunir lawenipun | tindhihe salawe uwang | srêbèt putih tutupipun | dinokok nèng pondhokira | ênggone pangantèn kakung ||

21. Yèn wus ngajêngakên panggya | iku angkate panêbus | tinampan ing biyungipun | kang (ng)gawa padha wanodya | milih kang sêmbada sêpuh | yèn wus tinampan nyi wisma | pangantèn anulya pangguh ||

22. Pamasange kang tuwuhan | sadurunge nyantri iku | kêmbar mayang rong rakit wus | dawêgane ana papat | kuncunge nanas rumucuh | ingkang sarakit pinasang | cakêt patanèn pinatut ||

23. Lamun anglêbokkên ngomah | kudu mêtu lawang agung | kang nampani pra dyah sêpuh | nyuwun ingkang sawab barkah | kang widada sugih sunu | ingkang sarakit pinasang | nèng pondhoke mantèn jalu ||

24. Têmbe têmune ginawa | anjajari anèng ngayun | ingêmban kakêmbên sindur | ingkang ngêmban janma lanang | tumêkane ngarêp pintu | tinampanan pra dyah wrêdha | pinasang sapantêsipun ||

25. Sapasare kang pangantyan | kuncung kêmbar mayang wau |

--- 2 : 153 ---

nanas kang wayah rêmucuh | rinujak lawan dawêgan | apan satangine turu | pinangana sakaliyan | watêke gêlis sasunu ||

26. Pinasang cêlak krobongan | roro bonyo dilah sèwu | kêndhi roro isi banyu | kalêmuk roro kang kêmbar | kang sawiji isi banyu | têmpuran kali bangawan | dene ta sajuganipun ||

27. Isi bêras miri kluwak | kêmbang mênyan borèh arum | dhuwit salawe wang wutuh | têmbe kanggo salamêtan | kêndhuri sapasaripun | kêlêmuk ro tunutupan | lètrèk gadhung rolathinipun ||Lebih satu suku kata: lètrèk gadhung mlathinipun.

28. Palinggihane pangantyan | kang ginêlar ngarêpipun | patanèn dhadhasaripun | godhong kluwih apa-apa | lang-alang godhong karèku | tunutupan klasa pandhan | nulya tlèmèk sinjangipun ||

29. Pangantèn wadon lan lanang | banjur klasa batunipun | kumuda kang dadi tutup | sinêbaran sêkar-sêkar | campur bawur arum-arum | lan dhuwit salawe uwang | gêbêgan ingkang gumêbyur ||

30. Kacang kawak dhêle kawak | iya iku kacar-kusurkucur. | klasa pandhan ingkang alus | dinokokan bêras jênar | kacang dhêle sêkar arum | dhuwite salawe uwang | kang rêsik gêbêganipun ||

31. Wilujêngan majêmukan | midodarèni puniku | mênêng bêdhug ing pangêpung | mêmule (n)Jêng Nabi Duta | rasulan babasanipun | sêga wuduk rong ambêngan | lêmbaran rong wadhah wutuh ||

32. Pitik wadon pitik lanang | ingkang timbang agêngipun | lombok bang kêncêng sawadhah | winorke kêlawan uyah | wuku ginêrus kang alus | kêmbang kanthil putih jênar | kutug borèh arum-arum ||

33. Lan mêmule sanggyanira | luluhur èstri myang jalu | sêga golong jêjêripun | jangan mênir pêcêl ayam | jangan padha-mara iku | kalawan iwak ranjapan | iwak dharat kali laut ||

34. Papanganan warna-warna | pala pêndhêm simpar gantung | kang mêntahan kang kinulup | lah-olahan warna-warna | kêtan kolak aywa kantun | apêm kocor apêm abang | sêkar borèh datan kantun ||

--- 2 : 154 ---

35. Slamêtan sawusing ningkah | kirim donga pra luluhur | sêga asahan kêhipun | limang ambêng aywa kurang | sêga golong sêga wuduk | jangan mênir pêcêl ayam | lêmbaran èstri myang jalu ||

36. Jênang putih lawan abang | miwah jênang baro-baro | jajan pasar aywa kantun | kêmbang borèh lawan mênyan | dhuwit dadya slawatipun | rong uwang luwih saprapat | kang pêpak rarampenipun ||

37. Brokohan sawusing panggya | padha lan slamêtanipun | sawising ningkah wau |Kurang satu suku kata: sawising paningkah wau. Pujastuti aturira | dhuh (m)bokcilik kula gumun | de tan wontên kaliwatan | wijiling wuwus (m)barubul ||

129. Mijil

1. Iki jêbèng isih ana maning | kang durung kawiyos | salamêtan lawan isarate | Pujastuti aturira manis | sarwi angêjogi | pangunjukanipun ||

2. Langkung wêlas kula aningali | dharan taksih wutoh | lawan wedang tan wontên kalonge | prayogine sami dènrahabi | kaliyan sinambi | amêdharkên tutur ||

3. Kyai Juru myang pra tamu sami | sadaya andomblong | miyarsakkên Sriyatna kaole | dhadharan rinusak cinamik |Kurang satu suku kata: dhadhaharan rinusak cinamik. myang minum wedang tih | wênèh mucang udut ||

4. Nyi Sriyatna amêdharkên malih | anakmu si Mênok | gawèkêna bantulbantal. jumputane | kanggo turu sawuse apanggih | besuk lamun mulih | iku aja kantun ||

5. Lawan ponjèn isi anggi-anggi | winadhahan kanthong | dhewe-dhewe gya nèng kanthong gêdhe | lan (ng)guwangi besuk ulihnèki | sabên angliwati | ing kali puniku ||

6. Rupa pitik sawiji kang cilik | kêmbang mênyan konyoh | miri kluwak kalawan bêrase | wadhahana dumadi sawiji | mênèk tan na pitik | êndhog bae cukup ||

--- 2 : 155 ---

7. Sapasare kudu dislamêti | sêga wuduk golong | sêga punar bêras ingkang anèng | ing kalêmuk uworna kang wradin | salawe wang dhuwit | kanggowa têtuku ||

8. Pirantine sêga têlung warni | yèn tan cukup êjog | nanging kudu mangkono sarate | lawan jênang sungsum juruh krambil | diratakna maring | kang padha tutulung ||

9. Lan pangantèn sabarayatnèki | kang padha kalêson | kabèh iku namung nirokake | kang wus klakon duk ing nguni-uni | basane ngêluluri |Lebih satu suku kata:basane ngluluri. ujaring pra sêpuh ||

10. Gumarubyug ingkang prapta maring | lurah èstri ing jro | Kyai Juru gupuh mapagake | Cêbolang Mat Têngara gya mijil | para lurah sami | ingaturan masuk ||

11. Pujastuti mapag anèng kori | ingaturan gupoh | samya lênggah (m)banjêng thèrèk-thèrèk | saha atur pambagya basuki | sadaya mangsuli | (ng)gih sami rahayu ||

12. SuwusiraSawusira. sinunggata sami | nyi wisma lingnya lon | babo para mitra sadayane | mugi samya (n)dhangankên pênggalih | têmpuking pakardi | ing panuwun ulun ||

13. Kaparênga sami (m)biyantoni | inggih gotongroyong | nindhihana pakaryan salire | Among Bukti pawon sadayèki | Among Sokanandi | nyêpêng uwos sêkul ||

14. Among Bikang Mardeya majibi | ing dhaharan gêdhong | mamanisan myang lah-olahane | Nyi Mong Talijiwa amajibi | dharan wowohan-di | ing sasaminipun ||

15. Nyi Mong Kahwa ingkang amajibi | gêdhong wedang manggon | Among Sêdhah amajibi gantèn | Mong Usadi ingkang majibi |Kurang satu suku kata: Mong Usadi ingkang amajibi. loloh atanapi | tapêl rapuh pupur ||

16. Pangunjukan kang mawi gi-anggi | pokok srêbat êpos | iman adhêm myang adi-limane | bêraskêncur tuwin êbir manis | sriawan kang saking | pohan pisang kluthuk ||

17. Among ganda ngastaa wawangi | lisah sêkar konyoh | inggih anggèr ywa sêmêlang tyase | sêkar buntal kangge (m)benjing panggih | gomboyoking kang kêris |Kelebihan satu suku kata: gombyoking kang kêris. tuwin tutup gêlung ||

--- 2 : 156 ---

18. Gajah-ngoling kangge mantèn èstri | miwah karang-mêlok | ulur atur pasumbang badhene | ukêl èstri myang gombyoking kêris | kula nyadhiyani | siyang sontên santun ||

19. Pujastuti nuwun aturnèki | malih wacana lon | Among Suka nata lêlangêne | Mong (n)Drawina ingkang mangagêngi | sêgah sadayèki | myang cadhonganipun ||

20. Nyai Sukarêna among tami | Mong Busana manggon | Mong Pangantèn nyêpêng dandosane | ngiras pantês ingkang (m)busanani | kang sinungan ing ling | nyagahi sadarum ||

21. Tandya mangarsa Rara Mustari | lampahira alon | anyêlaki marang ing ibune | matur ririh (ng)gonku caos bukti | ing jêro myang (n)jawi | iku uwis rampung ||

22. Pujastuti nulya ngacarani | sadaya kemawon | kula turi dhahar sawontêne | para tamu sami ananggapi | gya dhahar nèng gadri | guyub sarju kêmbul ||

23. Jroning bukti Sriyatna lingnya ris | rèhning wayahingong | pan pambarêp kawahane§ Prayoginipun / bukak-kawah ranne / [Lebih dua suku kata]. | paningsête apa wus nêtêpi | Kyai Pujastuti | alon aturipun ||

24. Nuwun ingkang kawula tampèni | warni pao-pao | isi arta kalih sami talèn | supe lintring-pangantèn kakalih | sinjang lurik bathik | anyatunggal amung ||

25. Kasumêkan lalêmês myang bathik | sami anyawiyos | pisang ayu saabon-abone | dharan jadah jênang pondhoh wajik | lah-olahan inggih | pêpak warninipun ||

26. Pêcêl ayam jangan mênir mranti | sêkulipun golong | amêpêki dharan wowohane | pala pêndhêm kasimpar mênuhi | (m)botên wontên malih | anamung puniku ||

27. Iya uwus gênêp iku nini | lamaran yèn rawoh | sira lawan lakinira dhewe | kang nampani kalawan dèntiti | Nyai Pujastuti | sandika turipun ||

--- 2 : 157 ---

28. Warninipun lamaran punapi | aparinga dhawoh | kang supadi sagêd nitisake | Sriyatna ngling bubak-kawah nini | lamaran kang mêsthi | iki warninipun ||

29. Suruh ayu lawan pisang kuning | bon-abon mirantos | gambir ênjêt bako lawan jambe | gula krambil lawe jungkat suri | lênga sundhul-langit | kaca sêkar rapuh ||

30. Kêbo loro babon angrêm kalih | sawung wiring loro | banyak loro dandang kêndhil kèncèng | kêndhil kêkêp pangaron nyawiji | sadaya têmbagi | myang bêkakasipun ||

31. Arêratêng iyan angi ilir | kukusan rok-orok | ulêg-ulêg susuk lan enthonge | solèt irus tumbu tenggok cêthing | lamun nganggo dhuwit | nèng kanthong pinikul ||

32. Jarik bathik lurik lawan êncit | morine sa-êmblog | êmpon-êmpon lan anggi-anggine | bumbu-bumbu ingkang amêpêki | brambang uyah trasi | ing sasaminipun ||

33. Pêcêl pitik lawan jangan mênir | sêgane ginolong | lombok terong padha sauwite | bêras kacang kadhêle kêrambil | têbu saronnèki | kayu walikukun ||

34. Amung iku datan ana maning | kaelinganingong | Pujastuti (n)dhêku lon ature | numplak-ponjèn punapinggih mawi | Sriyatna mangsuli | asru gujêngipun ||

35. Anak ragil iku ingkang mawi | isarat mangkene | numplak-ponjèn mangkene rupane | kanthong saking suwèkan mawarni | isi anggi-anggi | sêkar campur bawur ||

36. Bêras kuning dhuwit warni-warni | wit ingaran ngantos | têkan ringgit êmas dene kèhe | tan winangên ing sasukanèki | ngantos wusing panggih | sibiyung mangayun ||

37. Nèng ngarêping patanèn alinggih | anglumpukkên gupoh | anak-anak kalawan mantune | wusing pêpak kanthong binukak glis | rinayah pêngantin | anak tuwin mantu ||

38. Pujastuti nalika miyarsi | manthuk-manthuk (n)domblong | e lah êmbokcilik mèh kasupèn | kacar-kucur sampuning tinampi | kadokok ing pundi | paran pêrlunipun ||

--- 2 : 158 ---

39. Uworrêna ing klêmuk kang isi | arta lawan uwos | uga kanggo ing salamêtane | têmbe sapasare kang pangantin | sajèn lênga krambil | iku ywa kalêbu ||

40. Nutug dènnya akêmbulan bukti | sawuse linorod | mring pawingking rame suwarane | pamucangan sumaos mangarsi | kabèh para tami | gya pamit umantuk ||

41. Wus bubaran para kadang èstri | (n)jawi winiraos | Kyai Juru saanak putune | kadang warga sarèrèhanèki | wusing andum kardi | nulya bukti nutug ||

42. Wusing bukti linilanan sami | sowang-sowang aso | Mas Cêbolang Amat Têngarane | lajêng dènnya samya nambutkardinambuk karya. | tan kalilan mulih | maring pondhokipun ||

43. Bakda Ngisa sabibaring bukti | lungguh wisma kulon | Mat Têngara Cêbolang rewange | Kyai Juru angandika aris | anak cara Jawi | akèh rangkenipun ||

44. Mas Cêbolang matur mangênjali | ing pêngraosingong | sampun tlêsih tan wontên kang cèwèt | kadi ingkang winêdharkên dening | ing Sriyatna Nyai | siyang kala wau ||

45. Iya kulup nanging ana maning | kang kudu linakon | têmbe lamun dhauping pangantèn | yèn wus têkan sangarêping kori | lanang nèng pêndhapi | wadon nèng jro pintu ||

46. Gya balangan gantal kang kinardi | gathuk lawang gupoh | ingkang wadon anyandhak sukune | ngantèn lanang nulya dèn wisuhi | we sataman wangi | sarat mêcah gupuh ||

47. Tigan ayam sawiji nèng kori | nulya mantèn wadon | kanthèn asta kalawan kakunge | têkèng ngarêp patanèn gya linggih | kang wadon nèng kering | gya ngujung mring kakung ||

48. Wusing ngujung mantèn lanang nuli | munggah maring kobong | nulya kacar-kucur iku ranne | yèn wus kacar-kucur bali linggih | bapake kang èstri | anêngahi lungguh ||

49. Nulya mangku pangantèn kakalih | (m)bokne tanya gupoh | abot êndi babo bapakane | ingkang jalu anauri ririh | padha bae nyai | tan na bedanipun ||

--- 2 : 159 ---

50. Wusing mangku mijil amanggihi | ingkang para dhayoh | kang wajib ingabêktèn pangantèn | dènaturi umanjing jro panti | pangantèn ngabêkti | marang tamu kakung ||

51. Lan ngabêkti para tamu putri | lan mring bapa êmbok | yèn pangantèn dhudha lanangane | ingkang wadon isih prawan sunthi | nalikane panggih | balangan wus rampung ||

52. Gathuk anèng samadyaning kori | sakaloron (n)dhodhok | ingkang lanang anyêkêl tumpêre | ingkang wadon gupuh anyirami | kalamun kapanggih | misan prênahipun ||

53. Ingkang lanang isarate mawi | macul pipisan prok | lamun awu tuwa kang wadone | ingkang priya isarate mawi | macul tumpêng putih | nèng ngarêping pintu ||

54. Yèn wong ngandhap olèh putri nginggil | darahe sang katong | nalikane lumaku angangge | mandhi lawung liligan mantêsi | têkaning taritis | sing pandhapa uwus ||

55. Nalikane pangantèn lumaris | duk arsa kapanggoh | pan kinanthi ing kanan keringe | èstri jalu nganggo patah sami | kang (ng)gawa tapsirih | lan paidon iku ||

56. Wusing têmu ing wancine guling | tinurokkên kobong | cinolokan iku sirate |Kurang satu suku kata: cinolokan iku isarate. kaping têlu ing dalêm sawêngi | Cêbolang miyarsi | gumuyu angguguk ||

57. Adhi Amat napa sagêd guling | dene nêmbe panggoh | tuwin napa sagêd ngena-ngene | bajiradi. rikuh ajrih mawi isin | Mat Têngara angling | ing saèstunipun ||

58. (ng)Gih makatên nanging mung saratri | kang mawi cinolok | siyangipun tuwin salajênge | kunir pita kucing ing wanadri | nèng sênthong kinunci | kantun nêmu kuwuk ||

59. wontên malih kang ngisin-isini | bilih wus kalakon | senapati ambêdhah kuthane | enjingipun sakaliyan sami | sarêng dènsirami | dening pra dyah sêpuh ||

60. Patêlêsanipun sinjang putih | sarta mawi loloh | dlima pêthak binucal isine | sinalinan kumukus jênitri | mung nyajodho sami | lawe kangge tangsul ||

--- 2 : 160 ---

61. botên mawi pinipas-pinipis | kang jalêr kemawon | ingkang mamah yèn wis wor idune | linolohkên dhatêng ingkang èstri | gathuk abên bibir | tigang crutan sampun ||

62. Mas Cêbolang (ng)galêgês lingnya ris | katujune ingong | tan tinitah dadi wawadone | iba-iba ênêgku ing ati | idu kangge jampi | gèk riyake katut ||

63. Sawusira wanci lingsir ratri | Ki Juru lingnya lon | bêcik aso sesuk nyambutgawe | Kyai Juru gya umanjing panti | kang tinilar guling | kadi mêndêm pucung ||

130. PocungTeks asli: Pucung.

1. Sabên ari kang nambutkarya lumintu | Ki Juru pinarak | anèng ngèmpèring pandhapi | anampèni ature kang lumaksana ||

2. Anyêdhahi paningkah myang panggihipun | kang cakêt ing ngarsa | kaum sampun munggah kaji | nanging taksih karan anak Pak Goniyah ||

3. Sambèn (n)dangu marang Pak Goniyah wau | ujubing slamêtan | mumule myang donganèki | awit tarub tumêkane salapanan ||

4. Aturipun lujênga§ Prayoginipun / lujêngan / = wilujêngan. ngadêging tarub | ujub amumulya | Ki Agêng Tarub ing uni | myang luluhur saking èstri saking priya ||

5. Kang sêmara-siti tuwin kutu-kutu | walang wong antaga | kang dènambah sadayèki | mugi sami anêbihna sambekala ||

6. Anyêlakna ing suka raharja sarju | kadugèn sakarsa | donganya mulyakkên Kyai | Agêng Tarub kalawan Salamêt donga ||

7. Wilujêngan midadarèni majêmuk | ujub asung dhahar | (n)Jêng Gusti Nabi sinêlir | dalah garwa putra wayah myang sakabat ||midodarèni.

8. Ing pangiwa asung dhahar sanggyanipun | para widadara | tuwin para widadari | (m)brêkahana midadarèni pangantyan ||

9. Sapanginggil tulusa suka rahayu | ywa na kara-kara | donganipun Rasul tuwin | donga Slamêt cêkap kakalih punika ||

--- 2 : 161 ---

10. Wilujêngan sabibaring ningkahipun | ujub kintun donga | tuwin mumule sanggyaning | pra luluhur saking èstri saking priya ||

11. Kang sêmara-siti tuwin kutu-kutu | walang wong antaga | kang dènambah sadayèki | tinêbihna saking ing beka sêngkala ||

12. Anyêlakna ing sênêng suka rahayu | kadugèn sakarsa | donganya Slamêt-bidini | saha mawi donga Takwil-ngumurana ||

13. Wilujêngan brokohan sasampunipun | panggihing pangantyan | ujubipun nyumêrêpi | sadhèrèking pangantyan èstri lan priya ||

14. Ingkang lair nunggil sadintên puniku | mugi andongakna | lêstantun suka basuki | donganipun Takwil-ngumur myang Raharja ||

15. Wilujêngan inggih ing sapêkênipun | pangantyan ujubnya | mumule kang smara-siti | amumule kang dipun ambah sadaya ||

16. Myang kadangnya pangantyan èstri lan jalu | lawan dintên sapta | pêkênan gangsal kang mugi | anyêlakna kêcêkapan sukawirya ||

17. Alêstantun karya sapanginggilipun | ywa na sambekala | donganipun sami ugi | muhung Slamêt lawan Takwil-ngumurana ||

18. Wilujêngan salapanan warninipun | tumpêng jajanganan | jênang pêthak jênang abrit | jênang baro-baro tuwin jajan-pasar ||

19. Arta wajib kalih wang saprapat namung | ujub amumulya | dhatêng kang sêmara-siti | nyumêrêpi dhatêng sadhèrèkipun pangantyan ||Lebih dua suku kata: nyumêrêpi sadhèrèkipun pangantyan.

20. Èstri jalu ingkang sarêng lairipun | anjumurungana | kadugèna ing sakapti | sukawirya winantua karaharjan ||

21. Kadrajatan amintir rijêkinipun | drêman sugih putra | donganya Takwil-ngumuri | lawan donga Sålamêt datan tinilar ||

22. Ingkang ulunlampahi salaminipun | inggih mung punika | Ki Juru ngandika aris | rèh wus lumrah prayoga kalêstarèkna ||

23. Laminipun nambutkarya tan cinatur | wus aparipurna | sadaya sampun rinakit | kang pinatah anyanyêpêng ing pakaryan ||

--- 2 : 162 ---

24. Èstri jalu nêtêpi rêmbag kang sampun | iyêg abipraya | tan ana cêngil-cinêgnilcêngil-cinêngil. | wawangkiting ari dhatêng ing sumbangan ||

25. Ambarubul datan ana kêndhatipun | Kêbogiro ngangkang | pra èstri tinampèn nyai | para jalêr Kyai Juru kang atampa ||

26. Sêgahipun wedang dharan ulam sêkul | sawusing sinêgah | mantukipun dènsangoni | binêktanan panganan myang sêkul ulam ||

27. Ing arine dhatênge lamaranipun | Ki Juru pinarak | anèng madyane pandhapi | kadang warga sawatara anèng ngarsa ||

28. Dhatêngipun wanci sadèrènge bêdhug | sadaya pinarak | èmpèr pandhapi kang kering | Nyai Juru pinarak mêdal pandhapa ||

29. Ingkang ngirid wusing matur parlunipun | kanthi srat pratelan | nulya sugata lumadi | wedang dharan gantèn êsês wangi ngambar ||

30. Nyai Juru sêkaliyan Kyai Juru | nampèni priyangga | miturut isarat nênggih | cinocogkên cacahe lawan pratelan ||

31. Sampun rujuk anêtêpi criyosipun | ing uni Sriyatna | sawusing binujakrami | ingangsulan pamit mantuk wus linilan ||

32. Ri dhatênge anyantri Kiyai Juru | miwah kadangwarga | pinarak têngah pandhapi | bakda Mahrib badhe pangantèn dhatêngnya ||

33. Carabalèn umyung lawan gangsa agung | amungêl Ladrangan | prapta palataran aglis | ingacaran laju pinarak pandhapa ||

34. Wusing tata kang minangka kamisêpuh | nyêlak mring ki wisma | masrahkên bakal pangantèn | wus tinampan anulya asung pambagya ||

35. Marang badhe pangantèn sarowangipun | sêgahan magnarsamangarsa. | wedang êsês gantèn wangi | kyai wisma manis wijiling wacana ||

36. Lah sumangga sami kaparênga ngunjuk | pasugatapasugatan. wedang | miwah êsês gantèn wangi | kang sinung ngling angrahabi pasunggatan ||

37. Wusing nginum wedang êsês gantèn arum | Ki Juru wacana |

--- 2 : 163 ---

rèhning sampun sawatawis | prayogine aso dhatêng ing pondhokan ||

38. Sampun aso maring pamondhokanipun | Ki Juru tan obah | maksih pinarak pandhapi | angêntosi dhatênge para ngulama ||

39. Ingkang ayun tilawat Kur'an nèng tajug | sinambi ngandikan | mungguh wong adarbe kardi | ingaranan ewuh-ewuh sayêktinya ||

40. Dene ingkang têka basane martamu | têgêse ywa kurang | pangaksama angrahabi | marang ingkang darbe wisma myang sêgahnya ||

41. Pamikirku mungguh wong darbe karyèku | yèn uwis kacêkap | iya kang limang prakawis | dhingin (ng)gonne lulungguhan kang kapenak ||

42. Pindho rupan kang bêcik nyênêngkên kalbu | ping tri pamirêngan | kang kapenak piniyarsi | kaping pate kêdah suguh kang mirasa ||

43. Kaping lima dènbarêsih manahipun | aywa katèmpèlan | hawa angrêgêdi ati | katingalan wênês manising wadana ||

44. Krama alus ingkang marêkakên kalbu | pra tamu kawratan | panêmbranapanêmbrama. narambahi | ing pangarah padha suka pirêna-a ||

45. Gya kasaru pra ngulama dhatêngipun | pinarak plataran | laju ingirid mring masjid | nèng surambi lajêng atilawat Kur'an ||

46. Kyai Juru nèng surambi tumut (n)darus | langkêp sugatanya | rampung tilawat kêndhuri | wus bibaran mantuk samya (m)bêkta brêkat ||

47. Wangsul maring ing pandhapa Kyai Juru | para kadangwarga | maksih pêpak nèng pandhapi | nulya prentah anatap ingkang pradangga ||

48. Nguyu-uyu midadarèni puniku | Ki Juru ngandika | kabèh para kadang sami | awanuha marang Ki Mase Cêbolang ||

49. Para kadang kulawarga sadaya wus | abagya-binagya | rakêt lir wus wanuh lami | nora mantra yèn lagya nêmbe kapanggya ||

--- 2 : 164 ---

50. Kyai Juru tanya mring kabayanipun | ingkang padha mangkat | marang pasareyan tahlil | apa uwis padha lapur marang sira ||

51. Lawan ingkang sowan ki lurah pangulu | nyuwun kêtib ingkang | ningkahake benjing-enjing | lan palilah (ng)goningsun nabuh gamêlan ||

52. Ki kêbayan mangênjali matur sampun | klampahan sadaya | Ki Juru ngandika malih | Mas Cêbolang anak iki cara praja ||

53. Sadurunge kalakon ing parlunipun | binantu anyadran | kalawan tahlilan maring | pra luluhur kang wus sumare sadaya ||

54. Anyuwun idi pangèstu rahayu |Kurang satu suku kata: Anyênyuwun idi pangèstu rahayu. ywa na kara-kara | sajrone amangun kardi | lastariya kadi èsthining wardaya ||

55. Abdidalêm katib kang ningkahkên sesuk | panabuhing gangsa | utawa ananggap ringgit | nanging nganggo talèdhèk pan nora kêna ||

56. Iku kudu nyuwun lilahe pangulu | Ki Cêbolang turnya | kadipundi sababnèki | wit kajuron babasane têgngah-têngah ||têngah-têngah.

57. Kawadanan suyud marang ing pangulu | ananging kalilan | nganggo caraning priyayi | sawatara janji tan narajang karam ||

58. Kajabèku panganggoku lan ibumu | umanjing isarat | bêbêd tapih kudu sami | lawan sabuk iku padhane sumêkan ||

59. Awit bilih jarik kudu tuluh-watu | kêmbên bangun-tulak | amidadarèni iki | jarik bathik taruntum sindur sumêkan ||

60. Sesuk têmu jarik cakar kêmbênipun | iku mayang-mêkar | wising têmu jarik lurik | corak kêpyur kakêmbêne pacing-tawa ||

61. Sapasaring pangantèn apan tinamtu | jarik kêmbang jarak | sumêkane sêmèn-tritis | nanging aku anganggo sabuk bandhoga ||

62. Mas Cêbolang gèdhèg-gèdhèg sarwi matur | tobil langkung kathah | sarat-sarat cara Jawi | iya kulup sapuluh kinapakêna ||

63. (n)Gonne nata majêmukan uwis rampung | payo padha mangan | mêngko sawise abukti | rèh wus wêngi prayoga padha bubaran ||

--- 2 : 165 ---

64. Sigêg dalu enjinge ingkang cinatur | ningkahe pangantyan | mung marasêpuh nênggani | sore panggya tamune kalangkung katthah ||kathah.

65. Kyai Juru miwah para among-tamu | tan ana kèndêlnya | dènnira ambojakrami | para tamu jalu èstri sukarêna ||

66. Sarta rahab supêkêt sanggyaning lungguh | tan ana kuciwa | bibaring bojana nênggih | boya nana kang sêdya madal pasilan ||

67. Jalu èstri wangsul palênggahanipun | para tamu priya | dènnya lêngsahlênggah. nèng pandhapi | sasukanya amrih enaking sarira ||

68. MiyarsakênMiyarsakkên. ungêling pradangga arum | sinambi ngandikan | suwuking gangsa miyarsi | ingkang samya kokojahan warna-warna ||

69. Pan riningkês rêroncène ningkah pangguh | sajèn myang isarat | tuwin lampah-lampahnèki | traping karya miwah ingkang dadya karya ||

70. Sadaya wus tan ana kuciwanipun | uruting sunggata | patraping pambojakrami | turut mathis arum-manis lir sarkara ||

131. Dhandhanggula

1. Tamu kakung ingkang mangagêngi | Kyai Pangulu Amat Katêgan | kalawan sapanêkare | pujangganing prajagung | Ki Tumênggung Sujanapuri | panèwu mantri dêmang | pênglawe nêlung jung | sêsêg dènnya kêkojahan | apêpanthan samya sênêng kang miyarsi | ing crita amawarna ||

2. Ki Pangulu mêdharkên turuning | Letulkadri ing wulan Ramêlan | lamun ri Akat tanggale | malêm ping pitulikur | tumuruning Laitulkadri | yèn Sênèn tanggalira | malêm sangalikur | lamun Salasa kang tanggal | malêm kaping salawe tumurunèki | ingkang Laitulkadar ||

3. Lamun ari Rêbo tanggalnèki | malêm pitulikur tumurunnya | kalamun Kêmis tanggale | malêming têlulikur | tumuruning

--- 2 : 166 ---

Laitulkadri | yèn tanggale Jumuwah | malêm sangalikur | yèn ari Saptu tanggalnya | malêm kaping salikur tumurunèki | ingkang Laitulkadar ||

4. kêtib Candhana umatur aris | Kyai Lurah mugi aparinga | sasêrêpan wawijange | mujijat kramatipun | myang mangunah istijrat nênggih | paran ta bèntênira | angling ki pangulu | kang ingaranan mujijat | kasêktène sanggyaning kang para Nabi | pangwasa saking Suksma ||

5. Kang ingaran kramat kang sêjati | kamulyane agung Waliyolah | kasantikan kadibyane | putus samoanipun | de mangunah kaluwihaning | para mukmin kang êkas | pitulung Hyang Agung | istijrat pangluluning Hyang | mring wong kapir sulap kêmat ilmu sikir | kasêktène wong kopar ||

6. Panitike kang bangsa linuwih | beda lawan jalma êngam |Kurang dua suku kata: beda lawan jalma ingkang êngam. kang kaya awakku kiye | ana ngalamatipun | auliya nênêm kèhnèki | kang dhingin tan jrih lapa | de ping kalihipun | maring arip nora wêgah | kaping têlu wuda nora wigah-wigih | cakêp kang kaping papat ||

7. Kaping lima tan ajrih ngêmasi | kaping nême sabarang tan wêgah | mring samèng dumadi kabèh | iku panêngranipun | sagung ingkang para linuwih | matur katib Candhana | pintên kathahipun | darajating auliya | ki pangulu pangandikanira aris | sakawan cacahira ||

8. Kang rumuhun drajating pra Wali | badanira pribadi pan wikan | lamun Wali satuhune | myang janma liyanipun | uga wêruh yèn iku Wali | dene ping kalihira | pribadi tan wêruh | lamun tuhu Waliyolah | janma liya sadaya sami udani | anganggêp Wali nyata ||

9. Kaping têlu darajating Wali | badanira pribadi uninga | kalamun Wali yêktine | nging jalma liyanipun | nora wêruh yèn iku Wali | ping pate kang darajad | (n)Jêng Waliyolahu | badane dhewe tan wikan | janma liyan uga tan sinung udani | kang uning mung Pangeran ||

--- 2 : 167 ---

10. Amung iku ing pangawruh-mami | caritane Musanib ing Arab | kang wus dak-wêdharke kabèh | lah adhi kêtib Arum | kula supe cariyosnèki | duk kala Nabi Musa | minta wulangipun | Nabi Balaya bin Makam | kêtib Arum tanggap aturira aris | makatên èngêtkula ||

11. Nabi Musa ngrêrêpa turnèki | dhuh pukulun anuwun wêwulang | kang prayoga sabarang rèh | Nabi Kilir lingnya rum | yèn upama andika mijil | mring sajawining praja | ananamur laku | sampun sring asalahkarya | anèng marga sayêkti pan botên bêcik | ambatalakên lampah ||

12. Sampun anggung lungan tanpa kardi | yèn tan wontên parluning linakyan | sayêktine tanpa gawe | nora manpangat iku | lawan aywa sêmbrana angling | gumuyu suka-suka | tan pênêt puniku | yèn tan mangsakalanira | sukan-sukan yèn tan sawataranèki | siniku ing Hyang Suksma ||

13. Lan maliye andika ningali | mring wong kang lagya nandhang duraka | umat kang akèh dosane | sampun dahwèn amuwus | dosanipun kathah pribadi | graitanên ing driya | aywa ge kawêtu | têka kèndêla kewala | lamun wontên wadyanira ingkang sisip | dèn agung apuranta ||

14. Yèn ana wong kang alaku silip | sampun pati-opèn salahkarya | amêlèhakên cêlane | nalar kang bisa namur | angalingi cêlanirèki | poma dèn kalaksanan | ing pawêlingingsun | (n)Jêng Nabi Musa norraga | aminta sih andhêku nuwun turnèki | inggih mugi angsala ||

15. Cuthêl sampun botên wontên malih | ki pangulu aris angandika | adhi saontên-ontêne | kinarya cagak lungguh | kêtib Arum mèsêm lingnya ris | pun kakang kêtib Iman | kala wingènipun | nèng sêrambi maos sêrat | nyariyoskên nalikanira Sang Mulki | nagari ing Bahgêdad ||

16. Namung sakêdhap kula miyarsi | lajêng kabêlêt arsa wawratan | katungka Mahrib wêkdale | langkung gêla tyasulun | mila mangke kapasangyogi | wontên karsaning lurah | kêtib Iman muwus | inggih adhi kang dadya tyas | panggrêsahe sri nata Bahgêdad

--- 2 : 168 ---

nagri | makatên darunanya ||

17. Kacariyos wontên randha miskin | Nyai Limah griya têngah wana | kalangkung kathah mendane | satunggil dintên nuju | angèn menda kapanggih jalmi | èstri endah ing warna | cahyanya sumunu | tinakonan tan prasaja | pinangkanya miwah ingkang asêsiwi | anama Siti Maryam ||

18. Cêkakipun wus dènambil siwi | sabên dintên kinèn angèn menda | wontên ratu gung prajane | Bahgêdad sudibya nung | ambêbêdhag marang wanadri | ingiring wadya kuswa | praptaning wanagung | umiyat wanodya endah | sakalangkung kumênyut tyasnya sang aji | dadak gandrung asmara ||

19. Pinarêkan andangu sang aji | èh ta rara kowe bocah apa | dene ana ngalas ijèn | lan sapa wong tuwamu | Siti Maryam kagyating galih | umatur saha nêmbah | Maryam wasta ulun | anakipun Nyi Ngalimah | randha miskin damêlipun mêrês kambing | griya têngahing wana ||

20. Sang aprabu Bahgêdad miyarsi | sakalangkung eraming wardaya | mèsêm manis andikane | dhuh sang pindha hèrlaut | sakirane apa marêngi | upama mèlu mring wang | mungguh pangiraku | mirid ing ngèlmu wirasat | kang marahi wangkal lêngus têka mamring | kang ana mung prasaja ||

21. Gêr gumuyu rewangira linggih | kêtib Arum (ng)galêgês lingira | dene sumêrêpe nêmbe | sri Bahgêdad puniku | têka paham sranduning dhiri | kêtib Iman lingira | inggih bêtèkipun | supadi angsal borokan | lah ta kakang (n)dawêg pripun lajêngnèki | (ng)gih adhi lajêngira ||

22. Siti Maryam sarêng amiyarsi | dhawuhipun sri nata Bahgêdad | mung prasaja aturane | dhuh gustiku sang prabu | kakasihe Hyang Maha Sukci | mugi linêpatêna | sagunge bahêndubabêndu. | awit saking jrih kawula | mring pun biyung bokbilih dipun srêngêni | têmah (n)dhêdhêr druhaka ||

23. Dene bilih pun biyung marêngi | ulun èstu andhèrèk sakarsa | sri nata sru sukèng tyase | payo iridên ingsun | mring wismane renanta nini | Siti Maryam tumulya | sisingir swara rum | mendanira [men...]

--- 2 : 169 ---

[...danira] wus ngalêmpak | cinacahkên jangkêp anulya giniring | sapraptanirèng wisma ||

24. Siti Maryam ngling mring biyangnèki | lah punika wontên tiyang prapta | kalangkung kathah rencange | ayun pianggihpinanggih. biyung | Ni Ngalimah sarêng ningali | kalangkung ngunguning tyas | sangêt ajrihipun | sang nata nulya ngandika | èh ta nini sira aja belatampi | manira atêtanya ||

25. Apa sira bokne bocah iki | Nyi Ngalimah grago aturira | inggih-inggih saèstune | punika anakulun | ingkang dados têlênging ati | paranta karsanira | lan sintên wong bagus | rencange kalangkung kathah | sri narendra ngandika yèn takon mami | naranata Bahgêdad ||

26. Nyi Ngalimah gupuh manganjali | saha matur nyuwun pangaksama | sakèhing kalêpatane | èh nyai yèn panuju | anakira si Maryam iki | sunpundhut dumadiya | garwènggonggarwèngong. satuhu | kathah dènnya amiluta | mrih pakolih nyi randha sumanggèng kapti | namung anyuwun dinar ||

27. Sawawrate ing sutanirèki | wus tinraju lawan uwang êmas | tigang unta dumugine | kalih dasa untèku | taksih awrat Siti Maryami | nyi randha aturira | gusti sampun-sampun | tumraping jasad-kawula | donya kathah malah angribêdi ati | kèndêl dènnira wawrat ||

28. Maryam sampun binêkta narpati | sapraptane prajadi Bahgêdad | têtêp ngrênggani purane | laminya tan cinatur | sampun darbe putra kakalih | kang sêpuh sinung parab | Abubakar mungguh | ginadhang gumantya nata | arinira Siti Kalimah wêwangi | nahênta pramèswara ||

29. Nyuwun idi arsa tuwi maring | ingkang rama dhumatêng ing Mêkah | sang aprabu andikane | sira pojar maringsun | anakira Kalimah Nyai | ing mangke sira arsa | tuwi wong tuwamu | bêcik sira sajarwaa | babo sapa kang ayoga sira yayi | Dyah maryam matur nêmbah ||

30. Sèwu-sèwu apuranta gusti | bilih mangkya nyuwun pangaksama | datan sagêd ngaturake | têmbe manawi sampun | kula

--- 2 : 170 ---

bêkta sowan sang aji | kadangua piyambak | tiyang sêpuhulun | nggaraitèng tyas sri narendra |Lebih satu suku kata: nggraitèng tyas sri narendra. wus linilan ambêkta putra kêkalih | de manggalaning lampah ||

31. Mantri-muka wadya kuswa ngiring | wus samêkta kalilan umangkat | tan kacriyos ing lampahe | sipêng madyèng wanagung | sêrap janmi kiyai patih | têkiyur imanira | Ijajil kukuwu | lumêbêt mring unggyan risang | pramèswari lagya angêloni siwi | ki patih angrêrêpa ||

32. Manuara mrih lunturing kang sih | sri dayita kalangkung lênggana | asru pamurih èngête | ki patih mêksa (m)bêrung | malah-malah ngajrih-ajrihi | angagari jambiya | bilih botên nurut | sayêkti ulun-jambiya | langkung eman pramèswari datan lirip | putra gya jinambiya ||

33. Wus ngêmasi binêkta mring (n)jawi | wus pinêtak tan ana kang wikan | wanci byar tata barise | lajêng ing lampahipun | pan kasaput ing ratri malih | sipêng madyaning wana | kadi ingkang sampun | jinaganan wadya bala | lingsir ratri samadyasadaya. wus samya guling | patih angot gêndhila ||

34. Amanggihi sang dayita malih | ingkang lagya angêloni putra | patih amêksa ature | gusti manawi lumuh | datan wande putra-nirèki | ulun-jambiya pisan | kadi kang rumuhun | pramèswari ing tyas panggah | lingira ris apa sakarsanirèki | Allah tan kasamaran ||

35. Kyai patih wus tan nêdya eling | putra kang lagya kinêlonan |Kurang satu suku kata: putra ingkang lagya kinêlonan. jinambya prajanane |Kurang satu suku kata: jinambiya pranajane. ludiranya sumêmbur | kapisanan nulya ngêmasi | Mariyam yun cinandhak | gya malumpat gupuh | lumajêng anasak wana | iblis laknat wus nginggati kyai patih | kaduwung rawatwaspa ||

36. Kunarpanya risang raja siwi | wus binêktobinêkta. singidan pinêtak | langkung ribêt bingung tyase | umêdal akalipun | bêngok-bêngok sarwi anangis | kagyat kang wadya kuswa | sami ting bilulung | adhuh kanca katiwasan | pramèswari kalawan sang rajasiwi | katri pinangan sima ||

--- 2 : 171 ---

37. Kunarpane datan ana kari | wadya kuswa sadaya sungkawa | tambuh-tambuh ing solahe | ki patih asru muwus | apa manèh ingkang pinikir | kabèh aywa na susah | lupute nèng aku | pra wadya asrêp ing nala | payo nuli budhalan bali mring nagri | ukume sri narendra ||

38. Ingsun dhewe ingkang anglampahi | wus budhalan ingkang wadya kuswa | wangsul marang ing prajane | sadaya arawat luh | maras-maras tyas kêtir-kêtir | dumuginipun praja | ki patih lumêbu | prapta ngalbyantarangabyantara. nata | ngaraspada pêgat-pêgat ngasmarani | waspa drês marawayan ||

132. Asmaradana

1. Dhuh gusti sri narapati | amba atur pêjah gêsang | sumanggèng karsa sang katong | saking gung cacad dinuta | angatêr sang dayita | sarêng dumugi wanagung | nèng riku manggih babaya ||

2. wontên ingkang sima katri | lumêbêt ing twahrwah. sang rêtna | mangsa garwa putra katong | garwa tuwan tuwin putra | seda minangsa sima | wadya uning sampun rampung | sima wau panêdhanya ||

3. Lêngêr lêngêr sri bupati | sapandurat tan ngandika | kalangkung ngungun galiye | ginagas-gagasing driya | èngêt ing garwa putra | sru dahat duhkitèng kalbu | sang nata sangêt udrasa ||

4. Wus pinupus lawan takdir | binengkas budi tawêkal | sinèndhèkkên mring kang gawe | sirna ilang kang sungkawa | linud ing panarima | pan wus karsane Hyang Agung | puluh-puluh kadiparan ||

5. Mring ngêndi (ng)gonne sumingkir | kawula darma lumampah | nora bisa obah dhewe | yèn mungguh karêping jalma | tan ana sêdya susah | kabèh bungah kang kinayun | tandhane karsèng Hyang Suksma ||

6. Dene tan bungah sakalir | Allah tan kêna pinrentah | mung ngagêm Karsane Dhewe | kaya ngapa (ng)gonne selak | lamun mèriya liyan | kang jinurung ing saumur | sathithik sungkawanira ||

--- 2 : 172 ---

7. Wus pasthi tan bisa mèri | sabab kuwasaning Suksma | tinitah kadi mangkene | nanging ta rèhning kawula | tan uning takdirira | bêgja cilaka tan surup | marmanta taksih ihtiyar ||

8. Yèn mukaranah ing takdir | marma maksih amiminta | bok kaparêng ing Hyang Manon | mugi Tuwan ambukaa | sumpêging manah-amba | dhuh Gusti (m)ba nyuwun tulung | paduka langkung kawasa ||

9. Kang anglimputi sakalir | atas nèng ngarsa Pangeran | kang mêngkoni sakabèhe | mugi Allah nglambangana | maring garwa sutamba | dhuh Gustiku Kang Mahagung | amba dahat nangis Tuwan ||

10. Tan wontên ingkang kaliling | mung Tuwan têlênging driya | kang sagêd (m)bengkas salire | marmamba tan sêdya oncat | mung anut karsa Tuwan | sanadyan kinarya dudu | mring pundi (ng)gonne suminggah ||

11. Dhuh Tuwan Rabilngalamin | kita mung nyuwun ngapura | sagung lêpat amba kabèh | kang satmata lan kang samar | rèhning ulun tan wikan | kang uninga mung Hyang Agung | mila muhung nangis Tuwan ||

12. Pamintamba marang Gusti | rèhning kawula tiyang ngam | tan kuwawi cobèng Manon | mung nuwun sakuwat amba | sampun Tuwan sinungan | ing donya kalangkung agung | bokbilih amba tan kuwat ||

13. Nuduhkên takabur Gusti | tuwin sampun pinaringan | kikirangan langkung kad-e | bokbilih amba tan kuwat | dadya ngêrsulèng Tuwan | lah Tuwan anuwun puguh | lan Tuwan sampun sinungan ||

14. Susah ingkang sangêt Gusti | bokbilih amba tan kuwat | (m)bibrahkên manah kang sae | lan Tuwan sampun sinungan | bingah kalangkung êkat | bokbilih amba têkabur | katrècèt mring kakupuran ||

15. Tyasingsun kadi wong (n)dlêming | dene Allah sunpranata | sunpurih manut tyasingong | pasthi wus lamun tan bisa | Allah pan nora karsa | maring Êdat liyanipun | beda kita karêp Tuwan ||

--- 2 : 173 ---

16. Pangomyang-amba puniki | mung saking bangêting susah | dadya sawêtu-wêtune | nanging mungguh yêktinira | kabèh karêp manira | rêbut dhucung ing tyasingsun | tan bisa ngèwahkên kodrat ||

17. Dadi mung bingung tyasmami | tambuh-tambuh kang sinêdya | kajaba (ng)glundhung Hyang Manon | awit kabèh ciptaningwang | lawan prihatin kita | lan sakrêntêging tyasingsun | kabèh iku tanpa pedah ||

18. Mung cumadhong karsèng Gusti | apa kang dèntakdirêna | yaiku pasthi anane | tanpa gawe pinikira | jaba mung suhul Tuwan | bokmanawa (n)tuk pitulung | sabab Allah sipat rahman ||

19. Kawula wungsal-wangsuli | panggrêsahe sri narendra | katungka Mahrib wêkdale | dèrèng kula lajêngêna | cariyos sri Bahgêdad | kilap kadadosanipun | lalampahaning ki patya ||

20. Kakang kula nyuwun uning | bapakipun Siti Maryam | adhi Ngabdullah namane | têdhak Kurès nagri Ngarab | kênèng pangamandaka | dinakwa jina puniku | lawan Ki Sangip namanya ||

21. Anulya utusan siwi | sadhèrèkè Siti Maryam | Sèh Abubakar namane | sapraptanira ing wana | tan têgêl mêjahana | Abubakar tandya mantuk | matur yèn wus pinêjahan ||

22. Manthuk-manthuk kang sinung ngling | kêtib Iman cariyosnya | sigêg gantya winiraos | ingkang cakêt jajagongan | lawan Kyai Rasika | jrukunci ing Glagaharum | tinimbang amêdharêna ||

23. Cariyosipun sang Aji | Ngamarta Sri Darmawangsa | paranbaya darunane | dene sumare ing Dêmak | kubur kalangkung panjang | Kyai Rasika lingnya rum | kabar makatên purwanya ||

24. Nalikanira ing nguni | mekrading natèng Pandhawa | mawi srana pêjah obong | Yudhisthira Sri Ngamarta | Rahadèn Wrêkudara | Janaka myang arinipun | kalih Nangkula Sadewa ||

25. Nênêm garwanya Sang Aji | Yudhisthira ing Ngamarta | Dyah Drupadi jujuluke | kasapta Wara Sumbadra | dayitèng Dananjaya | Dyah Kunthi kawolunipun | kang ibu katri Pandhawa ||

--- 2 : 174 ---

26. Criyos padhalangan ringgit | ginêrba wus samya pêjah | amung satunggal kang dèrèng | (ng)gih punika Darmawangsa | muksanya mring kaendran | dalah ing saraganipun | praptane ing Suralaya ||

27. Pinanggiyan Hyang Pramèsthi | tinanya darunanira | Hyang Guru pangandikane | èh titah ulun Ki Darma | sira mulih mring jaman | langgêng ing salaminipun | têka ngangge badan wadhag ||

28. Apa sira boya mati | lantaran tumamèng wangwa | Yudhisthira matur alon | dhuh Hyang-hyang kang kinawasa | anitahkên kawula | kauningana pukulun | kula ugi malbèng wangwa ||

29. Abipraya èstu nunggil | lawan kadang warga rena | wus sampurna sadayane | nanging mung ulun priyangga | kang botên sagêd sirna | dhuh Sang Hyang-hyanging pukulun | wontênna apurèng Tuwan ||

30. Ambirat sagunging sisip | Hyang Odipati ngandhikangandika. | hèh Yudhisthira sang katong | ing samêngko karsaningwang | sira bêcik baliya | marang ing ngarcapadèku | yèn raganta durung sirna ||

31. Apan baya sunlilani | mulih marang ing kaswargan | sabab kaswargan yêktine | panggonan kang luwih mulya | sarta suci sadaya | nadyan kabèh titahingsun | manungsa kang tinggal donya ||

32. Padha mulih marang pati | iya pasthi tinggal raga | wus badan alus aranne | mula kaki prabu sira | samêngko durung kêna | munggah marang suwarga gung | nêmbah lèngsèr sri narendra ||

33. Wangsul Marcapada malih | tumindak mangalèr sêdya | amamati sarirane | lajêng anggêbyur samodra | sumilêm praptèng dhasar | nanging mêksa datan lampus | laminya nêmatus warsa ||

34. Lagyantuk sasmitèng Widdhi | tinuduh kinèn martapa | nèng Majapait tlatahe | dumununga têngah wana | Glagahwangi namanya | wus pinasthi ing Hyang Agung | dadya jalaran antaka ||

--- 2 : 175 ---

35. Nahan Sri Yudhisthira ji | mituhèng sasmitatama | mêntas saking samodrane | nêtêpi ingkang pitêdah | jênêk amangun tapa | prabawa ratu linuhung | ing Galagah wangi wana ||

36. Katingal singup awingit | singite kalintang-lintang | janma sato mara layon | mila tan na wani ngambah | gawat kaliwat-liwat | sabên ari kêmul pêdhut | manthêr tejaning kusuma ||

37. Jaman Majapahit akir | sanggyaning kang Waliyolah | amurwa yun yasa kraton | prênah Glagahwangi wana | punika nagri Dêmak | utusan (m)babati gupuh | ewon kang samya tumandang ||

38. Binabat sakenjing rêsik | sontênipun angrêmbaka | awit sontên pambabate | enjing pulih angrêmbaka | tan ana sewahira | kadya dhinangir rinabuk | kawêkèn kang nambut karya ||

39. Abipraya rêmbugnèki | tur uning Sunan Satmata | ing Girigajah kadhaton | kang umentar wus lumêpas | prataprapta. atur uninga | madya ing wasananipun | dènnira ambabat wana ||

40. Sunan Giri wusing tampi | ature kang babat wana | animbali Sunan Lèpèn | cinundaka mariksaa | ngiras dadya pangarsa | sawusira tampi dhawuh | kapungkur Giri kadhatyan ||

133. Pangkur

1. Praptèng têpi Glagahganda | Sunan Lèpèn uluk salamira glis | assalamu ngalaekum | sanalika wus sirna | pêpêdhut kang angawêngi ing wana gung | satêmah katingal padhang | (n)Jêng Sunan nulya umanjing ||

2. Ngidêri sajroning wana | dupi rawuh madyaning wana wingit | uning janma agêng luhur | manthêr sunaring teja | lawan janma samangke gêng luhuripun | kintên-kintên tikêl tiga | dhiwut-dhiwut wulunèki ||

3. Rema gimbal wulu panjang | lênggah munggèng sangandhaping waringin | sela gilang tlèmèkipun | patrape dènnya lênggah | suku têngên jegang kang kiwa saluku | sarira sêndhênsèndhèn. mandira | astanira ingkang kering ||

--- 2 : 176 ---

4. Tumumpang ing pundhak kanan | asta kanan (ng)gêgêm sarta pinundhi | wontên ing sanginggilipun | pilingan ingkang kanan | Sunan Lèpèn tandya amrêpêki gupuh | manêmbrama manuara | urmat asung salamnèki ||

5. Nanging datan winangsulan | Yudhisthira mandêng kewala aming | Sunan Kali kêndêl (n)jêtung | ngunandikèng wardaya | datan dangu tumuwuh osiking kalbu | kinira-kirèng wardaya | baya wong Buda puniki ||

6. (n)Jêng Sunan sampun widagda | têmbung Buda dènnya asung pambagi | mênggah mangke têmbungipun | dhuh sang nêmbe kapanggya | kula nilakrami ing sanak satuhu | sintên jujuluk sampeyan | tuwin kawijilan pundi ||

7. Punapa ingkang sinêdya | dene lênggah nèng wana tanpa kanthi | miwah ing pasêmonipun | kadi nandhang sungkawa | kang tinanya mangêrtos lajêng umatur | ugi cara basa Budha | makatên Jawinirèki ||

8. O ênggèh kiyai sanak | jêngandika satuhu wus udani | lêpasing tyas kang kalimput | kula Ki Yudhisthira | kawijilan saking Ngamarta rumuhumrumuhun. | duk ing nguni jaman Buda | maksih Brahma kang agami ||

9. (n)Jêng Sunan Kali duk myarsa | langkung ngungun nulya tatanya malih | kisanak kala rumuhun | mlampah damêl punapa | walèh-walèh punapa kala tumuhunrumuhun. | sayêtosipun kawula | jumênêng sri narapati ||

10. Kadhaton nagri Ngamarta | Yudhisthira inggih jujuluk mami | balik sampeyan sang luhung | ing wingking kang pinangka | lan ing ngajêng lajêr sêdyanirèng kalbu | miwah sintên kang sinambat | dhuh Yudhisthira sang aji ||

11. Andangu nami kawula | Sunan Kalijaga kalêbêt Wali | saking tlatah Majalangu | ing Girigajahpura | dhatêng kula saèstune dipunutus | Sunan Giri lurah amba | pêrlu kinèn mariksani ||

12. Kawontênane kang wana | dene têka wontên ingkang (n)dahwèni | damêl wilalat satuhu | maring kang sami babat | sampun

--- 2 : 177 ---

kula salasakbalasak. ing wana kêmput | samya tan na kara-kara | muhung andika pribadi ||

13. Mangsuli Sri Yudhisthira | mangke-mangke ta mangke Sunan Kali | wangune arsa abêndu | andakwa raganingwang | andahwèni damêl wilalat tan sarju | babo botên pisan-pisan | mênggah (ng)gèn kula nèng riki ||

14. botên sawêg sapunika | sampun lami nglampahi pitêdahing | sasmita nalika ulun | tapa dhasar samodra | laminira ngantos ênêm atus taun | ujaring wasitatama | kinèn tapa wontên ngriki ||

15. Pasthi antuk kang sinêdya | ingkang sagêd (n)jalari pêjahmami | sabab ing satuhunipun | kula sêdya ngupaya | ing margine sagêd dhumatêng ing lampus | duk miyarsa (n)Jêng Susunan | katingal pasêmon manis ||

16. Sumèh wijiling wicara | nulya tanya têmbung amêrakati | dhuh mitraningsun sinuhun | sabab saking punapa | sariranta tan sagêd tumêkèng lampus | mèsêm risang Yudhisthira | lah makatên Sunan Kali ||

17. Kala ulun winisudha | madêg nata lajêng dipunparingi | jajimat dening Dewagung | nama Kalimasada | ingkang ugi anami Pustaka-jamus | dumugi ing sapunika | taksih kula pundhi-pundhi ||

18. Pratistha ing asta kanan | malah-malah sampun saklangkung lami | asta tan sagêd tumêlung | miwah tan sagêd mêgar | Sunan Kali kataman aturing prabu | sangsaya pangungunira | wasana tatanya malih ||

19. Mênggah ungêling sêratan | ing jijimat punika kadospundi | kalawan suraosipun | dhuh Sunan Kalijaga | kula matur inggih ing sayêktosipun | sampun ngantos kang sumêrap | ambikak kewala ajrih ||

20. Jalaran dhawuhing dewa | namung kinèn ngangge jijimat pripih | mila kula jrih kalangkung | bilih nguninganana | Sunan Kali mèsêm ngandika jro kalbu | ika wong bodho balaka | nadyan ngrêti nanging wêdi ||

--- 2 : 178 ---

21. Dhuh Sinuhun Yudhisthira | mênggah wontên tiyang ingkang kadugi | ngungêlkên jijimat wau | punapi pinarêngna | angsal malih nanging darbe jangji ulun | mugi dipun-mangêrtosna | suraose kanang tulis ||

22. Saha sagêd angêgarna | tanganulun kang wus lami kumancing | Sunan Kali ngandika rum | suwawi cinobia | ngulungakên jajimat Pustaka-jamus | nahan sami sanalika | waluya kadi ing uni ||

23. Ngulungakên asta mêgar | jimat sampun tinampèn Sunan Kali | binuka suraosipun | sinuksma ing wardaya | tamat pamaose kang Pustaka-jamus | (n)Jêng Sunan Kali ngandika | e Yudhisthira narpati ||

24. Sampeyan mugi sumrêpa | milanipun jimat dipun wastani | inggih kang Pustaka-jamus | têgêsipun punika | layang irêng tulisipun rupa pingul | mila ran Kalimasada | kalimah Sahadat yêkti ||

25. Kalimah Sahadat mangkya | wus kalampah dènagêm dèn ugêmi | dening tiyang ingkang sampun | manjing agami Islam | miwah dipun wastani agama Rasul | sarengat punika mangka | baboning ngèlmu sajati ||

26. Angsal saking Nabiyolah | Gusti Kangjêng Nabi Rasulollahi | kêkasihira Hyang Agung | tuhu ingkang kinarya | dutaning Hyang panutup Nabiyollahu | ugêr tyang agama Islam | saha sampun putus maring ||

27. Ngèlmu tamtu kang winawas | suraose Kalimah Sahadati | dumadi êning tyasipun | sagêd sampurnèng pêjah | mantuk maring asaling kamulanipun | ing riku Sri Yudhisthira | langkung trustha ing panggalih ||

28. Nahan lajêng puruita | mring sang wiku Kangjêng Susunan Kali | winulang Sahadat wau | ugêring kasampurnan | winêruhkên ing jênênge uripipun | (n)Jêng Sunan pamêjangira | sadaya sampun katampi ||

--- 2 : 179 ---

29. Wruh sadurunge dumadya | dadya datan samar (n)doning dumadi | was-uwas wus tan kawuwus | amingis ing pamawas | têtêp uwus manjing agama Islamu | têtêp tatas naratas tyas | tumètès sampurna titis ||

30. Rumaos yèn sagêd pêjah | sarta pêjah ing sajroning ngaurip | sangêt ing pamundhinipun | winantu analangsa | ayun nêmbah astanira sawêg kuncup | makidhupuh anèng ngarsa | Sunan Kali duk udani ||

31. Gupuh dènnya nampèl asta | kipa-kipa tan arsa dènbêktèni | sinarêngan wacana rum | sampeyan sampun nêmbah | dhatêng ulun sanadyan dènanggêp guru | nanging drajat ulun andhap | luhur darajating aji ||

32. Kados paduka punika | inggih lêrês Suhunan nama mami | ananging saèstunipun | drajat Wali kewala | Wali wau jaman purwa saminipun | para rêsi myang pandhita | dados bêktinta sang aji ||

33. Sêdhêng salaman kewala | Prabu Darmakusuma ananggapi | nulya sasalaman gupuh | sawusing sasalaman | sri narendra Yudhisthira alon matur | dhuh Sinuhun gurukula | rèh mangke ulun wus tampi ||

34. Sabda jatining kamulyan | sêdya ulun sasagêd angaturi | wawalês ingkang linuhung | nanging tan darbe srana | mung punika wontên barang darbekulun | sêpele sangêt tan mandra | bilih kaparêng ing galih ||

35. Kulaaturkên paduka | Yudhisthira jumênêng (m)buka pêthi | ingkang linênggahan wau | isinipun karopak | mawa gambar katri wawayanganipun | satunggal Sri Baladewa | kalih Natèng Dwarawati ||

36. Tiga Arya Wrêkudara | kanthi sastra pèngêtan duk ing uni | kalih lampahan winuwus | satunggal pratelannya | lampahing Arjuna nalika dhaup |Kurang satu suku kata: lampahaning Arjuna nalika dhaup. angsal Dyah Wara Sumbadra | putri Madura nagari ||

37. Kadang Baladewa Krêsna | rinarêngga dera Hyang Udipati | kajêng klêpu dewadaru | katêlah praptèng mangkya | sabên

--- 2 : 180 ---

wontên pangantèn kang rinêngga gung | tamtu mawi kêmbar mayang | jaman purwa kang pinirid ||

38. Kaliyan pratelanira | kala nata Pandhawa mangun jurit | sakadang warga sadarum | mêngsah Sri Suyudana | sakadange Sata Korawa angêbyuk | (n)jabêl prajadi Ngastina | Pandhawa unggul ing jurit ||

39. Winastanan Bratayuda | kinanthènan sarasilah tumêrahing§ Prayoginipun / tumrahing /. | Pandhawa myang para ratu | ingaturakên sigra | mring Suhunan Kalijaga sadayèku | langkung sukanirèng driya | gambar tri wus dènpriksani ||

40. Tanya marang Yudhisthira | sintên ingkang gadhah wayangan katri | ingkang ginambar puniku | satunggal-tunggalira | Prabu Darmakusuma lajêng umatur | kang sarta mawa pratelan | agêng miwah inggilnèki ||

41. Titiga ingkang ginambar | wus pratela kadi sinêbut ngarsi | tanya malih (n)Jêng Sinuhun | nahanta karsa para | asung gambar dalah ing saprabotipun | sastra cariyosing Buda | kumambang matur sang aji ||

134. Maskumambang

1. Dhuh Susunan Kali gurunadi mami | gambar wawayangan | titiga siki puniki | mugi-mugi tinumrapna ||

2. Gigiring kang maesa danu artining | kuliting maesa | walikan dadosirèki | babalunge kang maesa ||

3. Kaanggeya kuliting gambar puniki | sunguning maesa | kaanggeya ototnèki | kuliting kanang maesa ||

4. Kaanggoa inggih babalunganèki | sarta ginancarna | ing salampah-salampahaning |Lebih satu suku kata: ing salampah-salampahing. supadya dadya tuladha ||

5. Têmbe wingking sagunging kang pra narpati | satriya myang wadya | pra èstri pra maharêsi | sagung isining bawana ||

--- 2 : 181 ---

6. Gya winarna Sri Yudhisthira narpati | sawusing pratela | gancaring cariyos nguni | amit wus praptèng antaka ||

7. Puput yuswa sampurna mring jaman suci | layon binarsihan | sung sasmita maring dasih | paripurna wus pinêtak ||

8. wontên tapak-tilas palênggahanèki | ngandhaping mandira | rampung pamêtaking jisim | lajêng sinungan têngêran ||

9. Kijing sela rineka cirining nami | Kyai Yudhisthira | lêstari têkèng samangkin | nèng lor-kulon masjid Dêmak ||

10. Ki Rasika angling mring rowangirèki | criyos sampun tamat | kijing kang panjang nglangkungi | ciri Kyai Yudhisthira ||

11. Kang sinung ngling tanya paran kajêngnèki | dènnya babat wana | wilujêng sampun barêsih | rata kadi ara-ara ||

12. e makatên lajênge cariyos inggih | dènnya babat wana | wilujêng sampun barêsih | rata kadi ara-ara ||

13. Sunan Kali wus wangsul dhatêng ing Giri | pinuju pêpakan | sanggyaning kang para Wali | Sunan Kali tur pratela ||

14. Lampahipun tinuding babat wanadri | purwa wasananya | miwiti malah mêkasi | pan sampun katur sadaya ||

15. Para Wali samya karênan ing galih | abipraya rêmbag | amujudakên ing warni | ingkang kasêbut pèngêtan ||

16. Kang kinarya guru wawayangan katri | gêr-ugêr polatan | mêndhêt saking netranèki | bèntêning pasêmonira ||

17. Saka pawulatan datan liya saking | papasanging netra | manawi akarya ringgit | netra wangun gêdhondhongan ||

18. Mirid saking gambaring wayangannèki | Prabu Baladewa | narendra Madura nagri | manawi adamêl netra ||

19. Wangun liyêp mirid saking wayanganing | Sri Narendra Krêsna | Sinuhun ing Dwarawati | utawi bilih iyasa ||

20. Nata wangun manthêlêng sêrêng rêspati | mirid wayangannya | satriya ing Jodhipati | Radyan Arya Wrêkodara ||

21. Paripurna dènnira amirid-mirid | nanging sarêng arsa | damêl wawayang rasêksi | rasêksa inggih danawa ||

--- 2 : 182 ---

22. Para Wali ragi kawêkèn ing galih | amarga (n)Jêng Sunan | kalimput nalika panggih | tatanya mring Yudhisthira ||

23. Wêwah-wêwah danawa cariyosnèki | doyan mangsa kewan | myang mangsa wangkening janmi | nanging sagêd tatajanma ||

24. Samya minggu mêngêng mêksa tan amingis | sajroning kèmêngan | saking plênggahan tan têbih | wontên sagawon lumajar ||

25. (ng)Gondhol balung untu siyung amaringis | Sunan Kalijaga | antuk wêwênganing wingit | tinarbuka ring Hyang Suksma ||

26. Dènnya damêl gambar wayangan rasêksi | sipat myang wulatan | amirid sagawon mringis | badan wayangan manungsa ||

27. Sinêmbadan gêng luhur glabêg ngajrihi | mèh tanpa bangkèkan | ulat sirung netra andik | mrêngangah dhepah (m)brêgagah ||

28. Sampun rampung dènnya mangadani ringgit | mirid tri wayangan | dados balungipun ringgit | ingkang ginapit punika ||

29. Têrangipun aturing Yudhisthira ji | kuliting maesa | dados balungipun ringgit | ingkang ginapit punika ||

30. Sungunipun dados ototing kang ringgit | lah inggih punika | ingkang dipun angge gapit | miwah campuriting wayang ||

31. Balungipun maesa kinarya kulit | artose mangkana | kadamêl dhasaring sungging | saking bubukaning tulang ||

32. (ng)Gih punika purwanipun wontên ringgit | wacucal maesa | ingkang gumêlar samangkin | mujudkên nganggit lampahan ||

33. Tan lyan saking kramate (n)Jêng Sunan Kali | Wali wolu samya | mangayubagya ngidèni | sampun cuthêl criyosingwang ||

34. Lah suwawi babarpisan awêwarti | ingkang pangandika | dene mawi purwakanthi | Wali wolu tanah Jawa ||

35. Kang winastan Wali wolu tanah Jawi | satunggal (n)Jêng Sunan | Ngampèlgadhing kang murwani | nama alit Radèn Rahmat ||

36. Putranipun Sèh maulana Ibrahim | ibu saking Cêmpa | Siti Asmara wêwangi | putranipun Prabu Kiyan ||

37. Kalihipun Susuhunan Gunungjati | Sayid Jèn punika | saking

--- 2 : 183 ---

nagari Arabi | mandhirèng Cirêbon praja ||

38. Tiga Sunan Ngudung alite Sèh Sabil | putra Mlana Iskak | ibu saking Madurèki | kadang mudha Walilanang ||

39. Sakawane Sunan Giri Gajahpuri | inggih Dyan Satmata | putra Walilanang nguni | kang ibu putri Blambangan ||

40. Gangsal Sunan Bonang Dyan Makdum Ibrahim | putra Ngampèldênta | ibu Siti Manaladi | putra Arya Teja Tuban ||

41. Nênêm Sunan Bukit Majagung mandhiri | Dyan Ngalim Buherah§ Prayoginipun / Hurerah /. | Sri Campa mudha sisiwi | nak-sanak lan Radèn Rahmat ||

42. Pitu Sunan Darajat timurnya nami | Masakèh Mahmud kang | putra Sunan Ngampèlgadhing | mijil saking ing ampeyan ||

43. Wolu Sunan Kalijaga Radèn Sahid | putra Wilatikta | bupati Japara nagri | sampun jangkêp petang kula ||

44. De sanèse wowolu dipun wastani | Wawali nujêbba | têgêse nujêbba inggih | punika Wali susulan ||

45. Amung Kangjêng Sultan Agung ing Mantawis | Kalipahing Allah | kang jumênêng ing samangkin | pamungkas Wali nurbuat ||

46. Sunan Kali kok dados onjo pribadi | niku kasinggihan | wit maguru Nabi Kilir | anêrusi solah tingkah ||

47. Nabi Kilir tan seda wit anglampahi | karêm maring ora | cêgah hawa napsu melik | konang-onang kene kana ||

48. Têrus sukci ing nala dumilah wêning | mandar (n)tuk nugraha | panjênêngan Nabi Kilir | kinarya hèb Nabiyolah ||

49. Anartani têkèng mangkya tan ngêmasi | gaib dalêmira | wus kawêngku lair batin | puniku ungêling kitab ||

50. Sunan Kali wartose makatên ugi | mangkya dèrèng seda | sigêg Rasika kang dêling | kinanthi gantya critanya ||

--- 2 : 184 ---

135. Kinanthi

1. Kyai Harjana winuwus | mutiyan ing Jatisari | dadi ahli pepetangan | anirahkên tiyang sakit | rencangipun jajagongan | umatur nuwun kiyai ||

2. Mugi (n)dhangankên ing kalbu | mupung ing mangke pinanggih | supadi mutabarana | mring putra wayah kang sami | pinarak ngarsa sampeyan | bab lampah petangannèki ||

3. Pênêt miwah awonnipun | anirahkên tiyang sakit | Kyai Harjana lingira | inggih ulunangge kaki | awawaton saka dina | saking kaole Sèh Adi ||

4. Dina Akad kang rumuhun | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangetan tiba waras | yèn mangidul tiba Êsri | yèn mangalor tiba lara | yèn mangulon tiba pati ||

5. Ing dina Sênèn winuwus | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangidul tiba waras | yèn mangetan tiba Êsri | yèn mangulon tiba lara | yèn mangalor tiba pati ||

6. Ing dina Sêlasa iku | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangetan tiba waras | yèn mangalor tiba Êsri | yèn mangulon tiba lara | yèn mangidul tiba pati ||

7. Ing dina Rêbo cinatur | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangetan tiba waras | yèn mangulon tiba Êsri | yèn mangulonmangalor. tiba lara | yèn mangidul tiba pati ||

8. Ing dina Kêmis winuwus | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangetan tiba waras | yèn mangidul tiba Êsri | yèn mangalor tiba lara | yèn mangulon tiba pati ||

9. Ing dina Jumuwah iku | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangulon tiba waras | yèn mangalor tiba Êsri | mangidul tibaning lara | mangetan tibaning pati ||

10. Ing dina Saptu tinutur | lamun nirahkên wong sakit | yèn mangulon tiba waras | mangalor tibaning Êsri | yèn mangidul tiba lara | mangetan tibaning pati ||

--- 2 : 185 ---

11. Riningkês ing bêcikipun | Akat Slasa Rêbo Kêmis | tirah ngetan tiba waras | Sênèn kidul waras ugi | Jumuwah Saptu yèn tirah | kudu ngulon purugnèki ||

12. Dene ta sêdhênganipun | Akat Kêmis ngidul Êsri | Sênèn ngetan sri tibanya | ri Slasa Rêbo pi-tuwin | Jumuwah kalawan Tumpak | padha ngalor tiba Êsri ||

13. Mung punika petangipun | sawuse pinetang bêcik | sumendhe karsaning Suksma | ala ayu mung nglakoni | sakèhe kang amiyarsa | samya nuwun turirèki ||

14. Punika saèstunipun | pinaibên malarati | sangsaya daliling Kur'an | pangandikaning Hyang Widdhi | sigêg cinêndhak kang cêlak | abdi dalêm ngulama-di ||

15. Apil Kur'an sampun putus | ing makna myang muradnèki | anama Amat Sêtama | rèrèh dènnira nambungi | mangke kula acarita | yakining kang kasbut dalil ||

16. wontên narendra pinunjul | binathara nyakrawati | ambêg wicaksanèng budya | jujulukipun narpati | Sri Maha Amat Salekan | ngadhaton Sêtambul nagri ||

17. Kongas kasudibyanipun | jêmbar jajahaning nagri | angrèh samining pra raja | têtêp kêncêng kang agami | bakda salat (n)darus Kur'an | sabên dumugi ing dalil ||

18. Watungiju mantasau | wabudillumanta saki | punika ing maknanira | mungguh Hyang kang Murbèng pasthi | sayêkti bisa akarya | bilai padha samangkin ||

19. Tuwin bisa karya èstu | kamulyan padha saiki | pêndhak-pêndhak pandarusnya | dumugi kakalih dalil | kèndêl ing pamaosira | ginagas rinasèng ati ||

20. E Tuwan kang sipat Agung | saupami kita iki | kraton tampistapis. kabasmaran | gusis tan kari samênir | kirane durung saêkal | dadi kamlaratan mami ||

21. Awit kasugihaningsun | kalawan karaton mami | nora ing kene kewala | ingsun darbe liyan nagri | kangjêng sultan kabatinan | maibên ungêling dalil ||

--- 2 : 186 ---

22. Darus sabakdaning Subuh | sanalika sri bupati | munggèng satêngahing wana | bawah ing Ngêsam nagari | kalampahan kalih wulan | saking ing Sêtambul nagri ||

23. Kawêlasarsa sru ngungun | kang mangka sri narapati | mung ngagêm jubah kuthungan | ririmong samadah§ Prayoginipun / sajadah / = pasujudan. wilis | anyamping sarung gêmbaya | ngagêm kêthu lugas abrit ||

24. Angasta tasbèh umancur | barleyan ginosok adi | gêng nracak saisi lêrak | andungkap sawêlas ari | tan nendra minum myang nadhah | miwah tan pinanggih jalmi ||

25. Lêsah ngalêntrih-ngalêntruk | angga (ng)gêgês gagang agring | sumendhe witing mandera | sawang kunarpa sang aji | anuju sawiji dina | ana nangkoda lumaris ||

26. Mring Ngêsam unta tinuntun | nèng kene miyat ing jalmi | sumendhe witing mandera | sinawang wus kadya mayit | pinurugan dupi cêlak | ki juragan tanya aris ||

27. Kisanak kang kawlasayun | dene nèng alas pribadi | pasêmone lir ngawirya | lah punapa sêbabnèki | sang nata dupi miyarsa | pakèwêd dènnya mangsuli ||

28. Sêrêt kêdaling sabdarum | pêgat-pêgat amlasasih | ki dagang tuhu manira | ing Sêtambul asalmami | kesah ngaji mring lyan praja | yun mantuk datan wruh margi ||

29. Ki dagang wêlas kêlangkung | nulya dènulungi roti | lawan warih ing lantingan | lah niki jampi kalantih | sawusira tinampènan | roti dhinahar sacuwil ||

30. Toya ing kêndhi dèninum | tri cêgukan datan luwih | kraos nikmat kang sarira | sumringah nayana wêning | sri nata Sêtambul sigra | ngulungkên tasbèhirèki ||

31. Maring sudagar kang asung | roti lawan toya kêndhi | winantu sabda mrakatya | dhuh kisanak kang asung sih | rèhning andika wus nambal | dhumatêng ing jiwa mami ||

32. Sasat anambungi umur | wèwèh janma tanpa pamrih | èstu bilih

--- 2 : 187 ---

karya tama | nandhakkên eklasing budi | lila anrus ing wardaya | sangêt ing panuwun mami ||

33. Saking kumêdahing kalbu | minangka timbanganing sih | kang mugi tinampanana | winantu sukaning ati | cinandhak mring ki sudagar | gringging-gringging nggarègèli ||

34. Awit salaminya idhup | lagya anêmbe udani | barleyan agêng naracak | rinucit kinarya tasbih | sapandurat tan wacana | gumêtêr kêdaling lathi ||

35. Paran ing karsanirèku | de asung ingkang kadyèki | sri narendra angandika | ulun lila lair batin | amung ta pamintaningwang | parênga nunut lumaris ||

36. Rèhning kula ayun mantuk | marang ing Sêtambul nagri | ywa nganti sangsayèng marga | ki sudagar lingira ris | inggih ki bagus sumangga | gampil yèn wus praptèng nagri ||

37. Kantun lampahan dwi tèngsu | têmbe anumpala-keli | sri narendra wus binêkta | ing ngênu datan winarni | sapraptanira ing Ngêsam | sudagar dagang mawarni ||

38. Laris dagangane gêrus | mênthêl kathah antuk bathi | tata-tata sêdya mentar | tatanya mring sri bupati | bagus paran karsanira | dènirarsa mangkat mulih ||

39. Inggih kyai kajêngulun | sarêngan andika malih | sisimpangan wontên marga | ki sudagar wus nyondhongi | kalingling wagêling nala | tasbèhe barlèyan adi ||

40. Pangudasmaraning kalbu | ewuh têmên tasbèh iki | lamun awèt dakanggowa | pasthi tan kobêr ngabêkti | katungkul pijêr umiyat | lawan tan pêgat kuwatir ||

136. Mêgatruh

1. Lah bêcike dakdole pisan yèn payu | prayoga nyimpêni dhuwit | thithik mutawatiripun | tumrape wong kaya mami | darbe barang langkung elok ||

--- 2 : 188 ---

2. (m)Bubrahake ati ngêgungkên têkabur | sisip sêmbire wus pasthi | rêgadag anarik kupur | ki sudagar mentar aglis | tasbèh tinawakkên gupoh ||

3. Marang para sugih jroning kutha kêmput | titi tan ana kang ngawis | tan kuwawi artanipun | saking kèhe kang pêngaji | anulya kunjuk sang katong ||

4. Natèng Ngêsam kalangkung eraming kalbu | wasana ngandika aris | saka ngêndi asalipun | tasbèhmu barleyan iki | ki sudagar awotsinom ||

5. Asal saking tiyang nyukani pukulun | jalma papa nèng wanadri | sang nata kagyat lingnya rum | sudagar aturmu iki | iku sèwu mokal elok ||

6. Kawruhana tasbèh iki ingkang patut | darbe mung nata linuwih | pinunjul samaning ratu | aturmu iki mustail | pangirèngsun wus amêlok ||

7. Pasthi iki olèh ênggomu amandung | èh sudagar yèn sirèki | tan bisa ngaturkên mringsun | janma kang mènèhi tasbih | sira minangka gagêntos ||

8. Ingsun ukum apa ing sapantêsipun | ki nangkoda duk miyarsi | pangandikane sang prabu | ulat biyas payus tistis | konjêm siti arawat loh ||

9. Ki nangkoda manêmbah sarwi umatur | dhuh gusti sri narapati | kawula anuwun mundur | nimbali kang darbe tasbih | wus linilan mêdal gupoh ||

10. Sampun panggih ki dagang lan sri Sêtambul | kang sawêg nandhang kaswasih | rinucat dhirining prabu | bagus (n)dika ditimbali | mring ngarsanira sang katong ||

11. Sigra sowan ki dagang lan sri Sêtambul | prapta ngabyantarèng aji | ki dagang saksana matur | punika ingkang nyukani | tasbèh kang kunjuk sang katong ||

12. Apa iya tasbèh iki (ng)gonmu asung | kang dinangu matur inggih | tanpa titipriksa prabu | tandya animbali patih | wus sowan manêmbah alon ||

--- 2 : 189 ---

13. Èh ta patih wong iki têmên yèn pandung | banjur ukumên tumuli | jonjangên nèng alun-alun | sandika rêkyana patih | gya binêkta mundur alon ||

14. Saundure ki patih kalangkung ngungun | nyurasa karsaning aji | saking tan (n)dungkap ing kalbu | kang dadi parênging aji | tanpa priksan ngukum uwong ||

15. Yèn (m)badala ajrih karsane sang ulun | nulya pinidana aglis | pan jinonjang astanipun | kang kanan suku kang kering | wusnya konjuk sang akatong ||

16. Nata agnya ngunjara parêk kadhatun | pratisthèng mèpèt capuri | siji tan-na rewangipun | nèng riku sri narapati | siyang dalu anggung lamong ||

17. Mung ngraoskên kuwasanira Hyang Agung | kodrat takdiring Hyang Widdhi | kang tumamèng ing sang prabu | kalangkung elok mustail | mila tansah ngrujit batos ||

18. Dhasar têmên luwih kawasa Hyang Agung | pratandhane kita iki | dene tan ngrasa saglugut | yèn nêmu kadya puniki | saking gung dosambèng Manon ||

19. Dene kita tan pracaya watungiyu | mantasau sabdèng Widdhi | priyangga sing luputingsun | nanging ta gondhèlan mami | tamtu ngong tobat mring Manon ||

20. Dalil innaloha gopurur-rohimu | yèn wong tobat dènaksami | mêngkono pamanggih prabu | dahat panlangsaning galih | siyang dalu gung prihatos ||

21. Amung ngarsa-arsa dalil watungiyu | mantasau kang pinuji | mugi Tuwan Kang Mahagung | paringa uning tumuli | saking kuwasèng Hyang Manon ||

22. Sampun lami (ng)gyannya nèng kunjaran prabu | yata ing Ngêsam narpati | darbe putra wanodyayu | pambayun wus mangsa brai | cahyanya langkung mancorong ||

23. Tur ingugung sang rêtnayu mring ramèbu | tinurut barang sakapti | sagung pakarti rahayu | samana sotyaning puri | pan sawêg kasêngsêm ngaos ||

--- 2 : 190 ---

24. Siyang dalu enjing sontên tamtu (n)darus | swara mirêng saking (n)jawi | yèn lêpat aksaranipun | asring tinêgor tumuli | lan kang nèng kunjara kono ||

25. Yèn tinêgor kèndêl ing pamaosipun | gusti lêrêse kadyèki | panjang tuwin cêlakipun | sang nata wiwit angaji | trêtil pasekate kaot ||

26. Pangajinya nora ririh nora sêru | swara ulêm langkung pasih | piniyarsa nganyut-anyut | bisa karya nyêsing ati | pranyata alim kinaot ||

27. Datan wiyah janma widagdèng kadyèku | nadyan gurune sang putri | tan mirib pangajinipun | lan sakitan kang kinunci | sang rêtna (ng)garjitèng batos ||

28. Mokal têmên wong iki kalamun pandung | pasêmone ingkang warni | utawa rupane bagus | tuwin pangajine luwih | dudu sêmbarangan uwong ||

29. Kiraningsun pasthi iki trahing ratu | guwaya myang sotyèng warni | manawa kêna babêndu | antuk sisikuning Widdhi | mokal lamun tindak awon ||

30. Saya paham dènnya mirêngkên sang ayu | sangsaya wêwah ingkang sih | mring janma ingkang tinutup | sabakdane dènnya ngaji | sigra kondur mring kadhaton ||

31. Prapta ngarsaning rama nulya umatur | rama amba sabên ari | bilih amba nuju (n)darus | sring tinêgor saking (n)jawi | lan janma ukuman kêthok ||

32. Tiyang wau langkung sae wacanipun | amba inggih dèrèng uning | sagung di-dalêm sadarum | sanadyan para ngulami | ingkang mèmpêr ing pangaos ||

33. Yèn tinimbang lan janma kang tuwan ukum | rama ing panuwun mami | parêng tan parêngèng kalbu | amba inggih nyuwun laki | dene ta pamilihingong ||

34. Nyuwun antuk kang tuwan kunjara iku | sang nata èmêng ing galih | ginubêl ing putranipun | dènnya mothah nyuwun laki | kang pinilih luwih elok ||

--- 2 : 191 ---

35. Sri narendra alon pangandikanipun | adhuh babo putramami | paran kang dadi kajatmu | dene sira (n)jaluk laki | pamilihmu luwih asor ||

36. Suwurira (ng)gawa surêming prajamu | dene atmajèng narpati | pasakitan garwanipun | kaya ta kurang sujanmi | ajêmbar jajahaningong ||

37. Ingsun ngêrèh iya sagung para ratu | lan akèh punggawa mami | utawa santananingsun | kang anom bagus ing warni | lah padha pilihên kono ||

137. Sinom

1. Tan kurang punggawaningwang | kang brêgas sarta lim-alim | aja milih wong kunjaran | rinungu liyan nagari | pasthi akarya nisthip | nyudakkên drajating ratu | sang rêtna aturira | rama amba datan laki | bilih botên pikantuk pêmilihamba ||

2. Kawula mung nêdya ngêndhat | yèn rama datan (n)dugèni | kang dadya panuwun-amba | sang nata ngungun ing galih | samana langkung kingkin | ngraosakên putranipun | (ng)gènnya anuwun krama | panggubêle sabên ari | dangu-dangu rinasa rasèng wardaya ||

3. Prakarane jatukrama | têmên tan kêna binudi | têtêp kodrate Pangeran | jodho tan kêna pinardi | lêjar pênggalih aji | luwar ing sungkawanipun | pinupus takdirullah | sang nata ngandika aris | mring ki patih kinèn ngêdalkên sakitan ||

4. Praptèng ngabyantarèng nata | pangulu nulya mangarsi | wus pragat paningkahira | sigra pinanggihkên aglis | sakitan lan sang putri | sasananira wus sinung | sang dyah matur ing garwa | dhuh ta kakang kadipundi | punapanta kang dadya darunanira ||

5. Dene nganti kinunjara | punapa nyata yèn maling | langkung ngungun manah kula | dene warnandika pêkik | kang sarta sampun alim | têka nganti tindak dudu | mugi paringa pajar | supadya kawula uning | sri narendra aris wijiling wacana ||

6. Mangke kula turi wikan | bilih gusti wus sung uning | (ng)gih

--- 2 : 192 ---

punika ingkang sabab | paduka rêmên ing kami | kawula tiyang alit | miwah sawêg manggih ukum | paduka sutèng nata | pagene (ng)garwa wong nisthip | sang kusuma alon wijiling wacana ||

7. Lah inggih mênggah punika | kawula pajar§ Prayoginipun / pojar / = wicantên. tan bangkit | awit tuduhing Hyang Suksma | dumunung wontên ing budi | irsating Hyang lir ngimpi | sasmita kang tumrap ulun | kinèn antuk paduka | nulamula. sèstu sunlampahi | wasanane sumangga kita tan wikan ||

8. Tumutur aknyaning swara | nanging nalare pakolih | mokal yèn paduka ala | purun anindakkên sisip | kang garwa matur aris | awas têmên putri ayu | yêktine amba raja | gusti sampun bribin-bribin | nging kadukan sabab rangu dalil Kur'an ||

9. Sang kusuma dupi myarsa | garwanta dera sung uning | kèngêtan yèn ingkang rama | kagungan lisah prêmati | pranti kinarya jampi | sagung wong nandhang bêbêndu | sampun binêkta mêdal | saksana tinrapkên aglis | mring kang tatu tan tabêt pulih sakala ||

10. Suku tuwin astanira | pulih kadya duk ing nguni | sanalika sri narendra | tuwuh guwayanira ji | sang nata ngandika ris | dhuh-dhuh mirah ariningsun | pirêngna aturingwang | sayêktine kita iki | kang ngrênggani SêtumbulSêtambul. karaton ingwang ||

11. Lah matura sudarmanta | kabèh kandhaningsun iki | sang dyah sandika gya mentar | wus prapta ngarsa sang aji | munjuk mula bukèng wit | madya lan wasananipun | dhêlêg ngungun sri Ngêsam | sowanira langkung ajrih | mêlanging tyas (ng)gyanta tan titipariksa ||

12. Dugi ngarsèng sri narendra | prabu Ngêsam sarêng uning | kalangkung eraming nala | tan mèmpêr warnane nguni | mancêr jwala mratani | nyata yèn natèng Sêtambul | buminata ing NgêsumNgêsam (dhongdhing jatuh pada huruf a). | saksana umatur aris | kadi pundi paduka gusti purwanya ||

13. Sang prabu Amat Salekan | ngandharkên lampahannèki | purwa madya wasananya | sri Ngêsam sukur ing Widdhi | dene ta

--- 2 : 193 ---

putranèki | têtêp dadya garwanipun | tasbèh wangsul sri nata | kundur mring Sêtambul nagri | ki juragan tan kukum malah ginanjar ||

14. Kèndêl samantên kewala | (ng)gènkula (ng)gêlar critèki | kang maibên dalil Kur'an | sadaya ingkang miyarsi | langkung sukaning ati | sigêg Sotama lingipun | nahan kang cêlak lênggah | lan abdidalêm sang mulki | lurah jogèd anama Wirèngsuwignya ||

15. Kakang nyuwun sasêrêpan | nguni sintên kang murwani | bêksa wirèng kêkancuhan | tuwin datan mawi kanthi | ngantos kagêm samangkin | lêlangên jroning kadhatun | paran ta wijangira | tuwin sanès-sanèsing kang gêndhing |Lebih dua suku kata: tuwin sanèsing kang gêndhing. lurah Wirèngsuwignya amêdhar sabda ||

16. Nalika kraton Jênggala | ingkang jumênêng narpati | sang Prabu Suryawisesa | iku ingkang angadani | iyasa bêksa rangin | aran Wirèng Panji Sêpuh | ijèn tanpa gêgaman | muhung sampur kang winiwir | gêndhingira aran Boyong Badranaya ||

17. Lawan Wirèng Panji Mudha | sarakit gaman tan mawi | mung sondèr lir Panji Wrêdha | gêndhing Sabrang Barang ngrangin | nulya iyasa malih | DhadapDhadhap. Kanoman rannipun | rong pasang kang abêksa | dhadhap lan dhuwung cinangking | gêndhingira ingaranan Rangsang Tuban ||

18. Jinangkêpan kawan warna | Wirèng Jêmparing-gêng nami | ingkang ambêksa sapasang | nyangking gandhewa jêmparing | gêndhing Lèngkèr mantêsi | nahan kadeyan sang prabu | kakalih Radèn Kalang | (m)byantoni karsa narpati | yasa Wirèng Lawung Agêng tinêngêran ||

19. Kakalih ingkang ambêksa | mandhi waos ngrêspatèni | pinatut Rêmêng gêndhingnya | ing mangke dipunwastani | babêksan ing Mantawis | wau ta Rahadèn Wirun | biyantu gya iyasa | Wirèng Dhadhap Kreta nami | kang ambêksa sakawan kinêmbar warna ||

20. Ngasta dhadhap lan curiga | Sêgaran pelog kang gêndhing | jangkêp namung nênêm warna | linaluri aywa nganti | ilang talêre nguni | lêlangên-dalêm sang prabu | iku pamyarsaning-wang |

--- 2 : 194 ---

(m)buh têmên lan doranèki | mung nyatane de kagêm têkèng samangkya ||

21. Kang tanya (n)dhêku turira | saking ing pamanahmami | kados kathah lêrêsipun | mênggah bêdhaya lan srimpi | punapa inggih mirib | bêksan wirèng nênêm wau | Wirèngwignya lingira | dhingin bêdhaya lan srimpi | piniritan kala jaman kadewatan ||

22. Kasêbut layang Wiwaha | nalika Hyang Endrapati | arsa utusan ngrêncana | tapane sang Pandhusiwi | ingkang kinèn lumaris | pitu wranggana gêgêdhug | dene ingkang kinarya | wranggana pipitu siki | sosotyadi iku tinêmbungkên mulat ||

23. Sinidhikara dumadya | kakalih kang ayu luwih | sang Supraba musthikèngrat | lawan Wilutama dèwi | mèh kêmbar ingkang warni | kaot (m)baranyak lan ruruh | kakalih wus tan beda | kalawan sang Dèwi Ratih | garwa Sang Hyang Kamajaya Cakrakêmbang ||

24. Wusing dadya kinèn taya | têgêse ataya nênggih | pangigêle widadarya | jawata kabèh yun uning | yata sami ningali | apsari pangigêlipun | angidêri sagaran | amung kaping tiga uwis | pra jawata kang tumingal kawismaya ||

25. Têgêse sami wismaya | padha kasmaran ing galih | dewata dènnya tumingal | pangigêle widadari | Hyang Brama (n)dadak nênggih | catur muka papag wau | Sang Hyang Endra andadak | tingal papat dènnya ngèksi | sakèh dewa tingale ngayun titiga ||

26. Ana ta locananira | ing kanan kering nyatunggil | munggèng juluk kang satunggal | karanane manggènnèki | wiyare aningali | sarta ing kacaryanipun | sagung para dewata | wau ingkang aningali | iya marang pangigêle widadarya ||

27. Sabanjure Sang Hyang Endra | iyasa bangsal panangkil | sisiyan lan madetaya | kiwa têngên srimanganti | Hyang Endra yèn tinangkil | ngarsakkên lalangênipun | tayaning waranggana | pinaès binusanan-di | manthuk-manthuk suka kang sami miyarsa ||

28. Sinigêg Kyai Suwignya | Kyai Dêmang Basman mangkin | abdidalêm pamaesan | rolas jung ing Turisari | tinêmbang

--- 2 : 195 ---

rowangnèki | masalahing adêgipun | griya miwah aliyan | cara-caraning wong tani | punapinggih mêndhêt wulan kang prayoga ||

29. Dêmang Basman ris lingira | manawi caraning tani | bilih angadêgkên griya | tuwin angêlihi panti | rèh etang kirang uning | mung mangsa ugêranipun | ananging kintênkula | punika luwih utami | winêwahkên lan etang kang kagêm praja ||

30. Ing mangsa Kasa raharja | mangsa Kalih tan prayogi | kasêbut salêbêt griya | botên wontên pênêtnèki | mangsa Katiga ugi | apan kathah awonnipun | kabêsmèn kapandungan | ing mangsa Kapat prayogi | pan rahayu tumêrahing putra wayah ||

31. Dene ing mangsa Kalima | aran awon kang pinanggih | mangsa Kanêm tan prayoga | sinambêr gêlap sring-asring | mangsa Kapitu yogi | linulutan ing donya gung | rahayu salaminya | mangsa Kawolu pêrmati | suka singgih nanging sring kawon§ Prayoginipun / awon /. pinanggya ||

32. Kasanga datan prayoga | prihatinan wataknèki | mangkya mangsa Kasadasa | kalangkung saking prayogi | mangsa Dhêstha anênggih | awon cêlak umuripun | salah satunggilira | mangsa Kasadha mungkasi | apan sêdhêng awon saene piyambak ||

33. Namung punika ugêrnya | petanganing tiyang tani | kang sinung sabda lingira | èstu kalangkung utami | winor lan petang nagri | sangsaya tambah pikantuk | Ki Basman ling sumangga | wawaton budining tani | muhung têmên lawan wêkêl giris dora ||

138. Girisa

1. Gantya wau kang winarna | ingkang cakêt linggihira | lawan Kiyai Sumbaga | lurah panyungging lungguhnya | alon dènnira tatanya | adhi kalamun sêmbada | rakanta minta uninga | witing wontên wayang purwa ||

--- 2 : 196 ---

2. Niku sintên kang iyasa | mugi adhi (ng)gancarêna | kang kangge babon punapa | têka wau wayang purwa | jalu èstri tindhik samya | saha ing pamêndhêtira | gambar ingkang wayang purwa | kadipundi cariyosnya ||

3. Kadamêl cagaking lênggah | supadi ywa kraos sayah | dènmirêngkên putra wayah | èstu badhe damêl bingah | miwah ras-arasên kesah | timbang nyantên para hahah | tiwas tan angsal paedah | Ki Sumbaga latah-latah ||

4. Kang mangkono dhasar nyata | mêngko aku dakcarita | saka kandhane wong tuwa | nalika jumênêngira | kyatingrat Sri Jayabaya | ing Mamênang prajanira | anyorèk gambar warnanya | luluhurira sri nata ||

5. Ronning êtal papanira | ingkang rumuhun priyangga | panyorèknya sri narendra | gambare Hyang Jagadnata | sapiturute tumêka | Bambang Parikênan nama | ing sawuse paripurna | diarani wayang purwa ||

6. Panjupuke aran wayang | de gambar wujud wus ilang | ginagas ing tyas wus têrang | mulane mau kang wayang | lanang wadon tinindhikan | kagawa saka babonnya | corèkane Sri Pamasa | Prabu Jayabaya kuna ||

7. Dadi mung mirip patrapnya | panganggone jalma bangsa | Hindhu Kêling kang nagara | rampunging panggambarira | amarêngi taun angka | wolung atus swidak juga | sangkalanirèng kang warsa | gambaring winayang astha ||

8. Kala Êmpu Ajisaka | jumênêng sri naradipa | nèng nagri PujrwacaritaPurwacarita. | jujuluk Sri Widdhayaka | nganggit pakêm lalakonnya | para dewa saturunnya | marêngi angkaning warsa | sèwu tigang dasa juga ||

9. Taunira sinangkalan | ratu guna mlêtik tunggal | antarane nganti lawas | basa karaton Jênggala | marêngi angkaning warsa | sèwu satus kalih dasa | ingkang jumênêng pamasa | Lêmbu Amiluhur nama ||

10. Olèh kawanlikur warsa | muksa ginêntènan putra | Radèn Panji Rawisrêngga | nama Sri Suryawisesa | karsa anganggit

--- 2 : 197 ---

wangunan | -ing gambaring wayang purwa | rontal uga papanira | jinujud gêng lan luhurnya ||

11. Pra kadang kadeyan samya | tumutur (ng)garap mangrêngga | sabên sri nata sewaka | corèkan katur ing ngarsa | winadhahan kang kandhaga | sarta nganggit pakêmira | lalakone wayang purwa | tinurutakên tinata ||

12. Lah iku awite wayang | nganggo tinabuhan gangsa | slendro nganggo sinulukan | têmbung kawi warna-warna | manut pathêtaning gangsa | kagêm sabên pasamuan | sang Prabu Suryawisesa | karsa andhalang priyangga ||

13. Para kadang kadeyannya | tanggap anabuhi gangsa | kasêngsêm ingkang uninga | manganti bubare samya | anuju angkaning warsa | sèwu satus kawandasa | sirah gangsal sinangkalan | tata karya titis dewa ||

14. Muksane Suryawisesa | gya ginantyan ingkang putra | Rahadèn Kudalaleyan | jujuluke mangkya gantya | Surya-amiluhur nama | lagya olèh tigang warsa | nulya ngalih prajanira | Pajajaran karta harja ||

15. Mangun gambar wayang purwa | babon corèkan Jênggala | jinujud gêng luhurira | papane daluwang Jawa | anuju angkaning warsa | sèwu satus swidak juga |Tahun [1161] Perbedaan tanggal dan sangkalan ini perlu diperiksa. apan ta sangkalanira | wayang gana rupa janma ||Tahun 1166 (perbedaan tanggal dan sangkalan ini perlu diperiksa).

16. Nalika Rahadèn Jaka | Susuruh jumênêng nata | jujuluk Prabu Bratana | angadhaton Majalêngka | karsa mangun wayang purwa | papane daluwang Jawa | ginulung dadya sajuga | winuwuhan ricikannya ||

17. Wayang bèbèr ingaranan | yèn kagêm anèng kadhatyan | kang nglakokke padhalangan | amung rêbab gamêlannya | parlu kanggo murwakala | yèn wong kêna ngila-ila | kang dadya pangayamira | tinatahtinadhah. Bathara Kala ||

18. Pangupadrawa anandhang | mala cintraka mèn ilang | kaya ta cah wadon lanang | ontang-anting tanpa kadang | sapadhane iku kang |Kurang satu suku kata: sapêpadhane iku kang. rinuwat kasêbut layang | Rêksakala gawang-gawang | ngruwat nganggo (m)bèbèr wayang ||

--- 2 : 198 ---

19. Murih ruwate kang kala | nganggo sajèn warna-warna | sarta dupa gandawida | katêlah têkèng samangkya | wong kang nanggap wayang purwa | kudu nganggo sajèn dupa | duk rampunge panganggitnya | Sri Maha Prabu Bratana ||

20. Angkane kang punang warsa | sèwu rongatus punjulnya | wolungpuluh lan titiga | sangkalanira winarna | nênggih gunaning pujangga | nêmbah ing Bathara Endra | basa ing jumênêngira | sang Aprabu Brawijaya ||

21. Pungkasaning Majalêngka | kacarita darbe putra | wasis (ng)gambar namanira | Radèn Sungging Prabangkara | dhinawuhan rama nata | mangun busananing wayang | bèbèr kang tumrap daluwang | rinêngga pulas mawarna ||

22. Pinantês lan wujudira | raja satriya punggawa | busana kinarya beda | anuju angkaning warsa | sèwu triatus langkungnya | taun iku sinêngkalan | anênggih datanpa sirna | pigunane kang atmaja ||

23. Sabêdhahe Majalêngka | anuju angkane warsa | sèwu sangangatussèwu sangangatus lawan = 1904: Sebaiknya: patangatus. lawan | tigangdasa langkung tiga | sangkalanira rinipta | gêni murup sinram jalma | ing nalika iku wayang | bèbèr sagamêlanira ||

24. Marang ing Dêmak nagara | kacarita Kangjêng Sultan | Sah Ngalam Akbar sapisan | sêngsêm marang karawitan | myang rêna langên wayangan | sring-asring kaparêng (n)dhalang | iya iku (m)bèbèr wayang | mangka gamêlan lan wayang ||

25. Kasêbut ing Pêkih kitab | karone iku pan karam | dadi pra wali sadaya | biyantu karsaning nata | anganggit wayang supaya | ilang wujud gambar jalma | kang kinarya lulang mesa | tinipiske sawatara ||

26. Dhinasaran warni pêthak | ancur lan gêrusan tulang | prabote pinêtha samya | kinarya miring rainya | tangan kanannya dawa |Kurang satu suku kata: tangan kanan kiri dawa. irisan tulang maesa | ginapit sajuga-juga | tinancêpakên ing wrêksa ||

27. Binolong jejeran wayang | sabên Kangjêng Sultan lênggah | wayang kajèjèr panggungan | kacaoske Kangjêng Sultan | banjur [ban...]

--- 2 : 199 ---

[...jur] bali ingaranan | wayang purwa kaya lama | dene babon-babon wayang | dadi anggonne pra dhalang ||

28. Lêstari kaanggo (n)dhalang | (m)barang sajroning nagara | tanapi mring desa-desa | samana angkane warsa | sèwu patangatus lawan | kawan-dasa punjulira | nênggih sinêngkalan mangkya | nir ruci caturing dewa ||

29. Antaranya Kangjêng Sultan | jumênêng (n)tuk tigang warsa | Kangjêng Sinuhun ing Arga | nganggit wuwuhing kang wayang | nganggo danawa wanara | sarta gancaring lalakyan | Sinuhun ing Bonang sigra | nganggit panyumpinging wayang ||

30. Nèng panggungan kering kanan | (n)Jêng Sultan Sah Ngalam Akbar | muwuhi ricikan wayang | rupa gajah lan prampogan | (n)Jêng Sinuhun Kalijaga | nganggit kêlir kadêbognya | balencong kalawan kothak | sarta muwuhi kakaywan ||

31. Iku minangka sangkala | mêmêt aku kurang têrang | dene ta kang asring (n)dhalang | Sunan Kudus tinabuhan | salendro ingkang gamêlan | iku wiwite kang wayang | apan nganggo sinulukan | grêgêt-saut ada-ada ||

32. Nuju angkaning kang warsa | sèwu kawanatus ika | langkung kawandasa tiga | dene ta sangkalanira | gêni dadi suciningrat | antarane tan winarna | nalika jumênêngira | nênggih Rahadèn Trênggana ||

33. Jêjulukira (n)Jêng Sultan | Sah Ngalam AkbahAkbar. ping tiga | karsane Sultan Bintara | kang mungkasi DênakDêmak. praja | wasis waskitha ing nala | anggalih kang wayang purwa | mindhak bagusing sêmbada | karsa dalêm sri narendra ||

34. Mangun wanguning kang wayang | jinujud ing dêdêgira | sarta mripat cangkêm karna | samya binêdhah sadaya | samana angkaning warsa | sèwu patang atus lawan | pitungpuluh punjul sapta | rêsi pitu karya tunggal ||

35. Susuhunan Ratu Tunggal | ing Giri nalikanira | makili karaton Dêmak | anganggit wanguning wayang | gêdhe dhuwure sinuda | ugêre mata liyêpan | karo mata panthêlêngan | wedokane nganggo rema ||

--- 2 : 200 ---

36. Wayang wanara lan buta | dinokokan loro mata | dewa cawêt kaya arca | sarta nganggit lakon wayang | wiwite wayang tinrapan | kakonang ingkang parada | sawuse dadi sakothak | ingaran Kidang Kancanan ||

37. Nalika iku sinungan | sangkala mêmêt ingaran | rupa Sang Hyang Girinata | nitih Andini andaka | anuju angkaning warsa | sèwu patangatus lawan | pitung puluh wolu sirah | slira dwija dadi raja ||Sengkalan: slira dwija dadi raja (1478 A.J., 1556 A.D.).

139. Salisir

1. Datan nalisir ing karsa | saking lêpasing pamudya | Sunan Ratu Tunggal Arga | anulya karsa iyasa ||

2. Wayang gêdhog aranira | cangkokaning praupannya | babon saking wayang purwa | tanpa kêthèk lawan buta ||

3. Anganggo têkês kang priya | wayang wadon nganggo rema | prabot rapèk kalung jamang | gêlang anting kêlatbuja ||

4. Jêjêring lalakon praja | sakawan samya sudara | ing Jênggala ing Mamênang | ing Ngurawan Singasêkar ||

5. Sabrangane Prabu Klana | pulo Bali ing nagara | balane Bugis sadaya | sarta nganggit pèkêmira ||pakêmira.

6. Gancaring kang lêlampahan | sarta garêgêt-sautnya | tanapi suluk bineda | lagune lan wayang purwa ||

7. Pan pelog gamêlanira | kang (n)dhalang ran Widayaka | Suhunan Kudus êmbannya | lêstari langêning praja ||

8. Sinungan mêmêt sangkala | rupa Sanghyang Nilakantha | ngasta cis ginubêd naga | anuju angkaning warsa ||

9. Sèwu patang atus lawan | wolung dasa langkung gangsal | sinêngkalan gaman naga | kinarya ing Utipatya ||

10. Nahênta Suhunan Bonang | yasa wayang Damarwulan | ingkang jinêjêr lalakyan | ing Majapait têngahan ||

11. Ratu Ayu jumênêngnya | nuju taun angkanira | sèwu tri atus limalas | nunggal lan bèbèr waktunya ||

--- 2 : 201 ---

12. Ingkang linakokkên dhalang | dadi tanggapaning wadya | winuwuhan tabuhannya | kêprak angklung kêndhang rêbab ||

13. Kalanturing pakêcapan | wayang bèbèr tabuhannya | lumrah ngarani kêthiprak | anuju angkaning warsa ||

14. Sèwu patang atus lawan | wolung dasa langkung astha | sinangkalan duk iyasa | astha wali karya tunggal ||

15. (n)Jêng Sultan Adiwijaya | jumênêng ing Pajang praja | anuju ing taun angka | sèwu limang atus tiga ||

16. Arsa mangun wawangunan | wayang purwa babonira | iyasan ing Dêmak praja | prabot pinantês lan wanda ||

17. Pra ratu parabotira | ana kang nganggo makutha | ana tropongan kewala | ana kang kêling gêlungnya ||

18. Satriya (m)bêsusi rema | ana kang nganggo paraba | sarta rineka dodotan | ana ingkang nganggo clana ||

19. Pinapantês dhewe-dhewe | nganggo sampuran wadone | karo (m)bêsusi rambute | dodotan buta kêthèke ||

20. Tan ewah ngloro matane | dewa rêca parabote | padha irasan tangane | winuwuhan gêgamane ||

21. Gada bindi alugora | iku wiwit wayang purwa | tuwin wayang gêdhog ika | padha tinatah gayaman ||

22. Sarta nganggit wuwuhing kang | pakêm purwa gêdhog wayang | anuju angkane warsa | sèwu limang atus lima ||

23. (n)Jêng Sunan Kudus iyasa | wayang golèk saka wrêksa | mirit lakon wayang purwa | salendro gamêlanira ||

24. Amung kênong êgong kêndhang | kêthuk kêcèr lawan rêbab | nuju sangkalaning warsa | wayang nir gumuling kisma ||

25. (n)Jêng Sinuhun Kalijaga | nganggit topèng kang kinarya | saka wrêksa mung sasurya | sarta methok wêwangunan ||

26. Kaya raining manungsa | jêjêring lalakon padha | kaya wayang gêdhog iku | nganggo buta warna-warna ||

27. Wanda mripat wayang purwa | prabot têkês rapèk clana | sumping sondhèr uncal-wastra | kang mêtu jinêjêr samya ||

--- 2 : 202 ---

28. Lanang wadon nganggo bêksa | dhewe-dhewe pacakira | kaya putrèn lan cindhaga | Panji-tuwa Panji-mudha ||

29. Gunung sari Prabu Klana | (n)Daga Blancèr Pênthul Buta | kudu beda bêksanira | ukêl lan tatambangannya ||

30. Salendro gamêlanira | topèng sawiji-wijinya | nganggo dipatut gêndhingnya | dhewe-dhewe nora padha ||

31. Angkaning warsa samana | sèwu limang atus astha | mangka ta sangakalèng warsa | kaèsthi nir yaksaningrat ||

32. Basa ing kraton Mataram | jumênêngnya Panêmbahan | Senapati ing Ngalaga | karsa mangun wayang purwa ||

33. Rambut tinatah gêmpuran | wayang gêdhog kinêrisan | wuwuh wayang riricikan | manuk lawan buron wana ||

34. Anuju angkaning warsa | sèwu limang atus lawan | patpuluh siji sangkalan | rupa pat gatining jalma ||

35. Ing sajumênêngnya nata | Sri Surya Anyakrawatya | ramadalêm sri narendra | ingkang jumênêng samangkya ||

36. Amamangun wayang purwa | babone Kidang Kêncana | jinujud mung sawatara | sasigaring palêmahan ||

37. Arjunane pinaringan | panêngran Kiyai Jimat | iku wiwite kang wayang | purwa lan gêdhog sinungan ||

38. Bau lan tangan pinisah | tanganne cinampuritan | myang winuwuhan dhagêledhagêlan. | myang winuwuhan gêgaman ||

39. Panah kêris sapadhanya | bangsaning landhêp sadaya | paripurna karsa nata | banjur ana uwong manca ||

40. Saka Kêdhu asalira | bisa (n)dhalang gêdhog purwa | banjur kaabdèkke dadya | dhalang sajroning nagara ||

41. Kaparênge sri narendra | wayang bèbèr pangruwatan | sinalinan wayang purwa | katêlah têkèng samangkya ||

42. Rampunge dènnya iyasa | maringi mêmêt sangkala | iku rupa buta murgan | padhalangan ingaranan ||

43. Panyêrêng araning buta | banjur karanne ing kathah | buta cakil wus alumrah | mathinthing solahe kathah ||

--- 2 : 203 ---

44. Wujud buta mata siji | tangan loro dikêrisi | siyung mêtu saka lathi | amandhuwur mung sawiji ||

45. Anuju angkaning warsa | sèwu limang atus lawan | sèkêt loro sinangkalan | sêmbah gaman buta tunggal ||

46. Ing samêngko karsa nata | kang Sinuhun Kangjêng Sultan | Agung Kyatingrat parabnya | Prabu Anyakrakusuma ||

47. Karsa mangun wayang purwa | prabotè wadon lan priya | samya tinatah sadaya | jinait lanyapanira ||

48. Sarta sangkuk dêdêgira | kang pancèn mêlèk matanya | kajait sinungan tandha | gêdhondhongan namanira ||

49. Rangkêp-rangkêp ingkang wanda | ing sawusing paripurna | Arjunane pinaringan | aran Kyai Mangu ika ||

50. Sinungan mêmêt sangkala | rupa buta rambut rêta | ingore sumunggèng ngarsa | nganggo jalu suku dwinya ||

51. Padhalangan ingaranan | iku buta parapatan | wong akèh ngaranni samya | buta rambut-gêni ika ||

52. Rampung nuju angka warsi | sèwu limang atus lawan | sèkêt têlu sinangkalan | jalu buta tinata sang ||

53. Lah mung iku kawruhingwang | crita witing ana wayang | kang miyarsa samya girang | matur pundi turun dhalang ||

54. Ki Sumbaga astanira | anudingi lah kae ta | kang sèndhèn ing saka rawa | Ki Panjangmas wastanira ||

140. Mijil

1. Pan sinigêg Sumbaga dènnya ngling | gantya kacariyos | ingkang cakêt kalawan linggihe | lan ki marbot Ki Taha wawangi | ki marbot jinawil | sarwi tatanya rum ||

2. Yayi para èstu dèrèng uning | lu-èlu kemawon | awit alit tumêkèng samangke | dèrèng wontên ingkang anyriyosi | cariyosing nguni | waton kitabipun ||

3. Sabên wulan Sapar amarêngi | ri Rêbo dhumawoh | kang pungkasan sapraja arame | jalu èstri miwah rare alit | samya siram mawi | jajimat dènêkum ||

--- 2 : 204 ---

4. wontên malih jimat dènkum warih | wusing siram gupoh | gya inginum myang pinupukake | (m)bun-êmbunan maca slawat katri | sarta remanèki | pinapal ing pucuk ||

5. kêtib Taha aris amangsuli | ing pamyarsaningong | kasbut Kitab Mujarabah ranne | caritane auliya adi | kang wus sinung uning | gaibing Mahagung ||

6. Tinartamtu sabên-sabên warsi | karsane Hyang Manon | anurunkên sakèh kabilaèn | awit Rêbo wêkasaning sasi | Sapar kèhing blai | triatus nêmpuluh ||

7. Sabanjure nèng naas lan ari | naas kang wus maton | tumrap Jawa banjur nganakake | Sangar Naas Jatingarang tuwin | patine kang ari | Naga-dina tèngsu ||

8. Taliwangke miwah Sampar-mayit | sasamine rêko | pramila yèn para ngulamane | wusing adus (m)barêsihi dhiri | myang minum we mawi | jijimat ingêkum ||

9. Gya sêmbahyang manulak§ Prayoginipun / panulak. bilai | iku kawruhingong | inggih kakang wus dhangan rayine | kala adus punapi (ng)gih mawi | rapal niyatnèki | anggènnipun adus ||

10. Bilih mawi rapal kadi pundi | manawi tan wados | rak prayogi winêdhar samangke | kêtib Taha gumuyu mangsuli | ora woda-wadi | urute kang adus ||

11. Ingkang dhihin asusuci wajib | mênèk anggantung (ng)gon | de rapale elingku mêngkene | bismillah hirokhman lan hirakim | nawetu usali | dapingil dalau ||

12. Sunatan lillahi tangalèi | niyat adus ingong | ing ri Rêbo wêkasan sasine | Sapar nulak sakèhing bilai | wêkasan basuki | Allahuakbar wus ||

13. Sabanjure maca ur'ul birit | nalika adamor | tasalun baridun wa sarabe | titi tamat rapale susuci | sunat Rêbo sasi | Sapar wêkasipun ||

--- 2 : 205 ---

14. Tanya malih rencangira linggih | babo kakang mêrbot | siyam sunat (m)bok winêdharake | bilih sagêd ulun yun nglampahi | sak-sampuna uning | dadya tyas tuwajuh ||

15. Iya adhi kang wus daklakoni | pasa sunat manggon | ana dina Sênèn lan Kêmise | lawan pasa sud myang siwat nami | siwat têgêsnèki | tanggal pêtêng nuju ||

16. Etung têlung dina boya luwih | awite linakon | kaping wolulikur utawane | sangalikur tridasa yèn bèh ji | pungkasan marêngi | tanggal pisan iku ||

17. Sud iya bèl iku nalikaning | rêmbulan mancorong | iya amung tri ari pasane | ping têlulas ping patbêlas kaping | limalas mungkasi | kabèh mau manut ||

18. Ing lampahe Jêngandika Nabi | Muhammad kinaot | de yèn jêtus(?) ri Kêmis tanggale | sasamine kang mangkene yayi | ing niyatirèki | sinarêngan iku ||

19. Lawan sabên Sura amarêngi | ping sanga mancorong | Angasura punika aranne | ping sapuluh Ngasura namèki | yèn tanggal pisan wit | utama satuhu ||

20. Wulan Rêjêb sakuwasanèki | watone linakon | lamun kawit tanggal sapisane | têkan kaping têlung puluh yayi | kêlangkung utami | gêganjaranipun ||

21. Wulan Ruwah awit tanggal kaping | sapisan linakon | têkan kaping limalas tanggale | Nispu-Sakban iku dènaranni | pat puluh lima ri | gunggunge rong tèngsu ||

22. Sasi Sawal puwasa sunati | awit tanggal pindho | têkan kaping pitu ing tanggale | bakda Sawal ping wolu marêngi | riyaya kapat twin | sangkêp ulamipun ||

23. Bêsar kaping wolu tar wiyati | ping sanga Ngarpah (n)don | ping sapuluh dhahar ing bakdane | dadi amung pasa kalih ari | utamanirèki | sapisan witipun ||

24. Amung iku pasunatan yayi | kang uwis kalakon | ora susah nganggo rapal-rèpèl | mung niyatna ing sajroning ati | tan susah kawijil | dene awitipun ||

--- 2 : 206 ---

25. Pasang niyat nalika malêming | pasa yun linakon | nganggo saur pan winênangake | supayane kuwat ingkang dhiri | badan kudu suci | kaya pasa agung ||

26. Lamun sira yayi anglampahi | sêmbahyang binatos | sinarêngan takbir-tul-ekrame | utawaning sarêng nalikaning | wuluki Mahribi | masuh rainipun ||

27. Poma ayun pasa ari Kêmis | ing sajroning batos | niyatingsun pasa ri Kêmise | sunat anut lampahe (n)Jêng Nabi | karana Allahi | dene lamun tumbuk ||

28. Rêjêb kaping sapisan ri Kêmis | niyat pasa ingong | ari Kêmis siwat lan Rêjêbe | sunat anut lampahe (n)Jêng Nabi | karana Allahi | sapiturutipun ||

29. Lamun sira sami anglampahi | gêganjaran Manon | sinung èngêt slamêt salawase | kang miyarsa sêdya yun nglampahi | anggambuh tyasnèki | sigêg kang winuwus ||

141. Gambuh

1. Ki Sopana winuwus | abdidalêm jajar-carik macung | rencangira jajagongan tanya aris | uwa manawi pinuju | kaparêng aparing tudoh ||

2. Têmbung myang sastranipun | kang rumiyin pribadi puniku | atumitah wontên ing madyapadèki | kang tinanya kagyat muwus | (ng)gonmu takon karya gawok ||

3. Lagi iki sajêgku | ana bocah takon kang kadyèku | grathul-grathul aku iya asung uning | bênêr lan lupute êmbuh | kakèkmu suwargi omong ||

4. Ana pandhita putus | saka Ngatasangin aslinipun | acarita mungguh têmbung lan sastrèki | kang tuwa dhewe rannipun | têmbung Ibrani sayêktos ||

5. Yèku ta basanipun | bangsa Israil nagara agung | pamacane sastra iku saka kering | manêngên sabanjuripun | dhapur sastra winiraos ||

--- 2 : 207 ---

6. Sairib sastra Indhu | lan sairib lir sastra Arabu | kang anggone duk jamane Kangjêng Nabi | Ibrahim Kalillulahi | mupakat sakèhing uwong ||

7. Banjur kinarya iku | anulisi kitab-kitabipun | para Nabi Kalipahira Hyang Widdhi | jaman ing sadurungipun | (n)Jêng Nabi Muhammad miyos ||

8. Ananging samonèku | kacarita kala jamanipun | Kangjêng Nabi Ibrahim Kalilulahi | ana ratu gêng pinunjul | binathara para katong ||

9. Kyatingrat Raja Namrut | iya Prabu Jabar kang jujuluk | ajumênêng anèng nagara ing Babil | isining jagad kacakup | dumadya ngaku Hyang Manon ||

10. Kya ajar patih Namrut | ingkang nama Kalillur-rahmanu | kyai patih datan maèlu mring siwi | angugêmi ratunipun | kèlu kumprung pêngung bakoh ||

11. Enggale caritèku | timbalane Allah Kang Mahagung | maring Kangjêng Nabi pinaringan kanthi | putra kaponakanipun | ran Nabi Lud samya kinon ||

12. Ngeslamakên§ Prayoginipun / Ngislamakên / saking têmbung Islam. Makatên salasêngêpun [salajêngipun]. sang Namrut | ywa kabanjur-banjur dènnya lacut | ngaku Allah nanging datan dènpraduli | saya (n)dadra andêlarung | dilalah èngête adoh ||

13. (n)Jêng Nabi sakalangkung | dènnya matur maring ramanipun | kinèn Eslam anut ing agami sukci | (n)Jêng Nabi malah tinundhung | saka ing Kosniya bodhol ||

14. Nabi Lud datan kantun | lawan wadya pra mukmin sadarum | ibu Nabi Siti Naonan miyarsi | gya nusul lampahing sunu | nèng wana Basangi andhok ||

15. Jajahan Ngêsam iku | bakda salat dutane Hyang Agung | Jabarail ngêmban dhawuhing Hyang Widdhi | (n)Jêng Nabi kènènkinèn. dhêdnukuhdhêdhukuh. | têmbe kalamun wus dados ||

16. Kaaranana iku | dhukuh Betalmukadas satuhu | bumi ingkang

--- 2 : 208 ---

sinucèkakên Hyang Widdhi | sawuse atampi dhawuh | linampahan nulya dados ||

17. Dhukuh arja kalangkung | wadya Eslam sabên ari rawuh | rawuh malih dutaning Hyang Jabarail | kinèn maringakên iku | musakap kèhe sapuloh ||

18. Kalawan kinèn gupuh | nutugakên nyêlamken Sri Babul | saungkure dutaning Hyang kang paring sih | winratakkên pra wargèku | sukèng tyas sukuring Manon ||

19. Musakap sapuluh wus | winulangkên mring umat sadarum | myang sahadat pungkasanya nêbut Nabi | Ibrahim Kalilulahu | sadaya mituhwèng dhawoh ||

20. Tan lami budhal sampun | marang Babil akanthi Nabi Lud | bêkta wadya mukmin amung sawatawis | wus prapta têpi prajagung | nulya akarya pakawon ||pakuwon.

21. (n)Jêng Nabi tandya laju | maring praja kapanggih Sri Namrut | sinartanan sadhawuhe Mahasuci | Namrut kinèn amiturut | nanging mêksa puguh wangkot ||

22. Malah sang Raja Namrut | yun ngayoni marang ing Hyang Agung | Kangjêng Nabi sangêt dènnya amaripih | Namrut mampang mêksa mungsuh | Nabi kinèn amakuwon ||

23. Jêng Nabi wusnya mundur | Sri Narendra andhawuhi gupuh | mring Kya Patih Ajar kinèn ngudiya glis | catur pêksi garudha gung | wusnyantuk katur sang katong ||

24. Piniyara mrih tutut | gya akarya bale gêdhong agung | rakitira kadya wêsi wusing dadi | kanan kering amung sinung | candhela rinuji bakoh ||

25. Pintuning ngandhap luhur | myang sinungan bêsat nginggilipun | wawalêsan ngungkuli sirahing pêksi | yèn binalik nèng sor suku | paripurna kang pirantos ||

26. Kinèn ambêkta gupuh | mring malige anyar kang dumunung | (n)jaban praja agêng luhure nglangkungi | winatara pitung gunung | myang catur kagendra katong ||

--- 2 : 209 ---

27. Sapraptanirèng pucuk | pêksi catur suku samya sinung | kolong wêsi bakal ênggoning atali | bale rinut suku wolu | kadi tandhu geyong-geyong ||

28. Sri Jabar sukèng kalbu | nguwuh-uwuh susumbar kumruwuk | lah ing êndi Pangerane Si Ibrahim | têka ora nana munggut | lah ngatona payo pupoh ||

29. Lah êndi wadyanipun | ingkang aran malekat-malekut | têka nora nana katingal sawiji | boyabaya. padha wêdi mringsun | Namrut tan kêndhat ngacêmong ||

30. Sarwi bujana nginum | Kangjêng Nabi Kalilarahmanru | myang Nabi Lud tanapi pra wadya mukmin | minggah mring malige luhur | wus panggih lawan sang katong ||

31. Latah-latah ngling Namrut | sida bebas kratone Gustimu | nora wurung ingsunganggaringsun anggar. sunlurugisun lurugi. | dimèn mijil banjur campuh | aprang tandhing lawan ingong ||

32. (n)Jêng Nabi sakalangkung | dènnya asung pemut marang Namrut | malah bêndu gya prentah mring wadyanèki | kinèn samêktaa gupuh | sangu myang gêgaman gupoh ||

33. Walêsan catur uwus | pucak sinung daging unta ngumbruk | Namrut ngling èh êntènana Ibrahim |Kurang satu suku kata: Namrut angling èh êntènana Ibrahim. (ng)gonku nglunas Pangeranmu | Sri Namrut lan para katong ||

34. Pipiliyan kang uwus | mambêg wantêr kasudiranipun | lawan rêsi sewasugataRêsi Sewasugata. pinilih | kang wus limpad agal alus | kya patih manggalèng pupoh ||

35. Sadaya wus umangsuk | pangruktinya piranti wus rampung | gya ginêtak kagyat mamprung ingkang paksi | myang daging nèng luhuripun | nanging datan bangkit nothol ||

36. Kagendra drêng yun ucul | saya (n)dêdêl tan na kêmbanipun | duk lampahan sasiyang lawan saratri | parentah mring juru pintu | kinèn ngêngakakên gupoh ||

37. Lawang bale kang luhur | wusing mênga jru pandumanipun | dhinawuhan aningalana kang langit | matur maksih nyamut-nyamut | tan ewah lir duk nèng ngisor ||

--- 2 : 210 ---

38. Lawang bale ngandhap wus | binuka myat bantala katlisut | prentah malih surak nabuh gubar bèri | kagyat kang kagendra catur | sumêngka (n)dêdêl tan kegoh ||

39. Parentah malih Namrut | anon langit tan na ewahipun | anon bumi wus tan ana antarèki | sinêngkakkên malih mamprung | punang langit maksih katon ||

40. Kadi nèng ngandhap wau | bumi katon pêtêng kadi dalu | nulya ana swara ingkang kapiyarsi | saking wiyat jurudêmung | kang darbe swara tan katon ||

142. Jurudêmung

1. Èh ratuning lacut sira | marang ing ngêndi karêpmu | dupara kalangkung-langkung | sira arsa mring ngakasa | kaliwat lacutirèku | yata Sri Namrut miyarsa | miwah para wadyanipun ||

2. Samya gugup anggaligap | anyandhak gagamanipun | dandèn. ngati-ati sadarum | boyabaya. iki ingkang prapta | ripu dibyaning ngaluhur | yata ana malih swara | èh-èh Namrut kapir lacut ||

3. Namrut ngatag prawiranya | nglêpaskên panah mandhuwur | angawut pamanahipun | ana ngêmpakkên istrijat | wêtuning jêmparing (m)brubul | wangsule saking gêndhewa | lir garimis tibanipun ||

4. Sri Jabar pribadi sigra | nglêpaskên jêmparingipun | sarwi susumbar têkabur | èh êndi Pangeranira | tandhinga kalawan ingsun | lah êndi rupane uga | prajurit wêtokna gupuh ||

5. Jabrail tampi parentah | angambil mina ing laut | inguncalkên mandhuwur |Kurang satu suku kata: inguncalakên mandhuwur. luhure panah Sri Jabar | wangsuling mina mring laut | cumalorot kawistara | jêmparing nata cumundhuk ||

6. Têrus badaning kang mina | ludiranira sumêmbur | jêmparing gêgubras marus | Jabrail anyandhak mina | winangsulakên mring laut | panah dhinawahkên marang | ngarsane sang raja Namrut ||

--- 2 : 211 ---

7. Jêmparing tiba cinandhak | ngêntrog wêntis suka (ng)guguk | latah-latah asru muwus | Pangerane si Ibrahim | kacundhuk jêmparingingsun | èh ta bocah aja kêndhat | (ng)gonmu (n)jêmparing mandhuwur ||

8. Mangkya karsèngong kalakyan | angobrak-abrik anggêmpur | prajèng karaton ngaluhur | ri sang Jabarail sigra | ngambil pêksi sabèng luhur | kinênakakên ing panah | wangsule katutan marus ||

9. Lawan daginge kang kaga | lir grimis tibaning marus | dhawah pêlataranipun | bale kandhaga marayan | Namrut cikrak-cikrak muwus | lah bocah padha wisana | (ng)gonmu nglêpasi mring luhur ||

10. Iku wis têtêp patinya | Ibrahim Pangeranipun | kataman ing panahingsun | lah iki dêlêngên padha | olèh daging panahingsun | sarta gugubras ludira | lir garimis rah sumêmbur ||

11. Pasthi karatone rusak | wadyane wus lêbur luluh | Namrut sawadyanipun |Kurang satu suku kata: Namrut myang sawadyanipun. sukèng tyas marwata suta | angalêmbana macucu | tan wruh mangkonèku gêlar | budi kalap kumprung pêngung ||

12. Sri Jabar parentah sigra | wawalêsan dhuwur manuk | winalik babêsatipun | anèng ngandhaping kaga |Kurang satu suku kata: anèng sangandhaping kaga. kagendra sakawan (n)dulu | daging mangsan anèng ngandhap | mangka sru kaluwèn catur ||

13. Tumungkul myat ing mamangsan | sinarêngan surak umyung | gong bèri kêndhang tinabuh | kagyat kagendra lumarab | kadya babandhêm tumurun | saking kagyat lan yun mangsa | katarik luwe kalangkung ||

14. Mèh praptèng ngandhap gya prentah | bêsat isi daging mau | kinèn (n)jêngatkên mandhuwur | kapapaga sirah kaga | dadya ngampar ibêripun | supadi yèn prapta ngandhap | aywa kantêb tibanipun ||

15. Winantu ing gara-gara | arga-arga manggut-manggut | kalamun bisaa muwus | bayèku ayun (ng)gêmpur mringwang |Lebih satu suku kata: bayèku yun (ng)gêmpur mringwang. Malekat catur tumurun | arsa ngawut-awut arga | pinapusus lir kapuk ||Kurang satu suku kata: pinapusus kadya kapuk.

--- 2 : 212 ---

16. Kaga wus anjog pratala | gumêbruk lir arga jugrug | têbih saking maligya gung | bêsat walêsan saksana | pinarêkakên kacucuk | daging wus samya dènmangsa | winuwuhan ngantya tuwuk ||

17. Pemute kang halul kojah | pitung dina pitung dalu | Namrut dènnya anèng luhur | kaga wus rinante samya | pra wadya sanagri mêthuk | sri naranata tumêdhak | saking bale-pêthi agung ||

18. (n)Jujug malige ing pucak | (n)Jêng Nabi Brahim Nabi Lud | maksih ngantya sampun tundhuk | Namrut suka angandika | ing samêngko Pangeranmu | wus jidêng dening hruningwang | jaja butul êrah mêmbur ||

19. Tandhaning baline panah | kuthah rah daging katut |Kurang satu suku kata: akuthah rah daging katut. lah ta iki warnanipun | cihnane daging lawan rah | apadene kalanipun | prawira nglêpasi panah | garimis rah drês kalangkung ||

20. Pangeranmu apês nistha | dalah malaekatipun | Kangjêng Nabi lingira rum | èh Namrut ngajab naraka | têka mangkono anggêpmu | lumuh marang rèh raharja | ngorakkên dhawuh Mahagung ||

21. Nacak kudu nasar (m)blasar | mor gandarwa ilu-ilu | lumuh têmên kinarya yu | ingkang jamak nuli tobat | darbe pangrasa sihing Hu | (n)Jêng Nabi akathah-kathah | dènnya sung pemut mring Namrut ||

22. Tinantang dadining aprang | Jabar nglênggêr tan amuwus | èstu ajrih jroning kalbu | èngêt ing kasêktènira | Kangjêng Nabi duk ing dangu | angas lahire kewala | sinasab sinamun-samun ||

23. Mengo ngiwa tan kaduga | baya ta wus takdiripun | yata (n)Jêng Nabi gya kundur | ingiring sawadyanira | kang kantun agunêm rêmbug | sirnaning Kalilurahman | ana pandhita kang matur ||

24. Rèhing uni wus kawuryan | (n)Jêng Nabi kadibyanipun | luhung sampun pinaèlu | ujêr wus ambawarasa | sarkara lan manisipun | tan kenging kinayangapa | tuhu dining kanang punjul ||

25. Aturira tètèh tatas | sang nata kalangkung bêndu | mijilkên istijrat luhung | tutuk lawan kalih asta | mêdal dahana kumukus |

--- 2 : 213 ---

kantar-kantar mring ngawiyat | tan dangu dahana wangsul ||

26. Kang miyat kalangkung hebat | tobat sujud nata kêbut | saking malige nata ngadhatun |Lebih dua suku kata: saking malige ngadhatun. mêsu anunungku puja | antuk sasmitaning kalbu | enjing miyos sinewaka | Patih Ajar myang wadyagung ||

27. Pêpak andhèr ngarsèng nata | mring Patih Jabar gya dhawuh | dènnya yun numpês kang sunu | myang wayah sawadyanira | sinaranan têmbung alus | kinarsakakên bujana | nèng pucaking maligya gung ||

28. Pra wadya mangayubagya | yun linakyan sesuk-esuk | samêkta prayitnèng kewuh | nahan (n)Jêng Nabi praptanya | ing pakuwon prentah gupuh | ngalih anyakêti praja | cakêt dalêmnya rumuhun ||

29. Ngara-ara Kaosniya | wus tata pakuwonipun | utusanira Hyang Agung | Jabarail angsung salam | mring Nabi Brahim Nabi Lud | kang arsa aparing wikan | a(ng)gunêm Sri Namrut kupur ||

30. Wus tinutur sadayanya | lan malih karsèng Hyang Agung | malige arsa ginêmpur | Jabarail sampun musna | (n)Jêng Nabi sawadyanipun | (n)Donga ing karaharjan |Kurang satu suku kata: (n)Dêdonga ing karaharjan. tur iku wus sinung wêruh ||

31. Malêming têmpuking karya | karsaning Hyang dènyarsa sung | bilai mring kapir kupur | sanggyaning kang pra Malekat | ingkang wus angêmban dhawuh | kinèn awit nglêkasana | mangkana saksana rawuh ||

32. Lindhu prakêmpa goranya | mung dumunung maligya gung | sangêt gonjing mayug-mayug | rêngat adon-adonira | lir kiyamat isthanipun | bayu mulêg mawalikan | sinarêngan angin lesus ||

33. Ponang angin saking ngandhap | tan antara jêbolipun | malige pêplês mandhuwur | tan ana kari samêndhang | swara gora tri jumêgur | lir giri sasra nèng wiyat | sirahe malige gupuh ||

34. Pinukul angin prakêmpa | saking nguntara mangidul | sirah gêmpal tibèng laut | jumêgur wening samodra | mina sining laut kidul | akèh pêjah kabarasat | katiban murdaning panggung ||

--- 2 : 214 ---

35. Pungkuring Namrut kacrita | sirahe malige mau | mumulo amba kadulu | dene awake maligya | andêdêl binêktèng lesus | nulya sigar amarapal | ngetan ngulon ngalor ngidul ||

36. Katulak wangsul sadaya | têmpuk wor nèng têngah rêmuk | lir binêbêg mawur sumyur | agênging punang rêmukan | saêndhog ayam tan langkung | anèng saluhuring praja | Babil kawratan sadarum ||

37. Maksih (n)dêdêl mring ngakasa | marmanya tan bisa runtuh | awit sinangga ing bayu | lir mêndhung (n)dhêdhêt limêngan | karsaning Hyang dènnira sung | bilai mring lacut kopar | puniku kinarya pemut ||

38. Supaya padha elinga | wruha kodrating Hyang Agung | tan antara sirêpipun | bayu bajra saking ngandhap | gya gantya kang bayu lesus | saking luhuring ngakasa | kadi jêmparing tumurun ||

39. Tumêmpuhira mangandhap | gumarubug sru sumiyut | rêmukan malige wangsul | lir sanjata Narawantah | sud kadi mimis sumawur | lingsir dalu wayahira | wong kapir pra samya turu ||

40. (n)Dhêdhêp kadi sinirêpan | tibane rêmukan iku | tan srênti barêng tumanduk | nibani wismaning kopar | kêpyak swaranya gumuntur | wismaning kapir kawratan | myang jro pura kinarutug ||

41. Pan namung pakuwonira | (n)Jêng Nabi saumatipun | rinêksa dera Hyang Agung | siji tan ana katiban | samya ngeca-eca turu | wau wismane si kopar | payon rêmak rêmpu rêmuk ||

42. Kang ana sajroning pura | asru kagyat (n)jumbul kagum | tan ana kuwasa muwus | kapilêngêng ing suwara | wong kupur klêngêr sadarum | datan ana kaliwatan | agêng alit èstri jalu ||

43. Miwah Sri Bathara Jabar | tan pae lan wadyanipun | kagyat kantunya kalangkung | tambuh sangkaning babaya | samya (ng)galigap agugup | kaluyuran§ Prayoginipun / galuyuran. niba-niba | lir wong wuru dènnya kantu ||

--- 2 : 215 ---

44. Wênèh ingkang kapalêsat | saking ênggonnira turu | miwah rêsi juru tênung | ing nagri myang mancapraja | pra samya kapilêng kantu | dangu-dangu duk samana | wong kapir sinungan emut ||

45. Kajêngkang karangkang-rangkang | gêrêng-gêrêng ngrintih-ngruntuh | tan ana cêtha calathu | pinêksa-pêksa tan bisa | mung (m)bêkuh pating karêkuh | pinêksa apadêdênganapapandêngan. | galêrêg sêrêt ngêduwul ||

46. Tambuh-tambuihTambuh-tambuh. solahira | ing praptane siyangipun | mulat wisma payon gêmpur | lêngêr-lêngêr ngungun mlêngak | takon-tinakon tan pêcus | ting palinguk paringisan | amacucu muncu-muncu ||

47. Kadya mina kênèng saya | tan dinawa solahipun | danguning susah sang Namrut | sawêwêngkonnya sadaya | tigang siyang tigang dalu | dènnya tan kuwawa ngucap | sadaya kadi wong bisu ||

48. Wusing tri ratri tri siyang | sadaya bisa calathu | nanging karsaning Hyang Agung | nyalini lagu babasan | Sri Namrut sabalanipun | pangucape panthan-panthan | dhewe-dhewe basanipun ||

49. Ing sagolong-golongannya | ratu pitungpuluh têlu | sewang-sewang tanahipun | sabên narendra sajuga | sapraja wêwêngkonipun | sinungan basa piyambak | atanapi sastranipun ||

50. Dadya basa miwah sastra | warna pitungpuluh têlu | amung ingkang tan winêngku | iya ing Babil nagara | lêstantun kadi rumuhun | lah ta iku caritanya | walahu-alam ing pungkur ||