Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

143. Pangkur

1. Nahan gantya kang winarna | Mas Cêbolang lawan santri Nurwitri | tumut ngladosi nèng ngayun | tyas sênêng suka rêna |

--- 2 : 216 ---

amirêngkên kang samya anggêlar kawruh | tan ana kang salawana | maton tanduke mrakati ||

2. Locitanira ing nala | padha luwih abdidalêm sang mulki | tan ana kuciwèng sêmu | sêmu sumèh jatmika | anaracak mêrakati tandang tanduk | tuhu prajèng Ngêksiganda | têlêng kraton bawah angin ||

3. Tumênggung Sujanapura | atanya ris marang kiyai panti | lah kakang sintên puniku | rare nêmbe kawuryan | angladosi tandange têka tan kidhung | pasêmon sanès tyang praja | kadi trahe wong ngaluwih ||

4. Ki Pujangkara turira | nuwun inggih punika ingkang nami | Mas Cêbolang aslinipun | santri saking Cilacap | sampun lami mondhok wontên wismanipun | pènakanulun Têngara | ulun têpang dèrèng lami ||

5. Kilap punika lurah |§ Kirang sawanda. (n)Jangkêpi sawanda: prayoginipun / ki Lurah /. sarêng têpang tan mawi walangati | sih trêsna lajêng tumutur | mèsêm Sujanapura | wawi kakang kula badhe tumut payu | Mas Cêbolang tinimbalan | wus parêk tinanya ririh ||

6. Anakmas manira tanya | nama miwah aslimu saka ngêndi | sapa namane ramamu | tanapi ibunira | dènprasaja wus lawas pangrunguningsun | sira nèng nagri Mataram | wus akèh para priyayi ||

7. Kang wanuh kalawan sira | babasane mangkya kapasangyogi | goningsun kapengin têpung | Cêbolang duk miyarsa | andikane ki tumênggung kadi juruh | rinaras-raras rasèng tyas | bêcik blaka apa mukir ||

8. Wasana nêmbah turitaturira. | nama ulun Cêbolang tiyang saking | ing Sokayasa pukulun | dene ingkang ayoga | nama Ki Sèh Akadiyat biyung ulun | nênggih nami Siti Wuryan | tan darbe kadang sawiji ||

--- 2 : 217 ---

9. Jalaran amurangsarak | anuruti angkara mudha pingging | manah muyar mawut-mawut | tangèh wrin kautaman | rèh nalisir kaliyan sudarmaulun | merang ing tyas mring sasama | kabarangas ngikis ratri ||

10. Dumadya katula-tula | kapalantrang praptèng nagri Mantawis | wontên ingkang sarju ngukup | nama Amat Têngara | sanalika panganggêpipun mring ulun | kadi tunggal dadah dulang | tinêpangkên pra priyayi ||

11. Tumênggung Sujanapura | manthuk-manthuk maspadakkên kang warni | (m)bêg mudha wus wiyahipun | nanging kwasaning Suksma | ing papasthèn pasthi tan kêna ginayuh | ana sakawit utama | wasanane tiba nisthip ||

12. Ana kawitan angkara | wasanane dadya jalma linuwih | aywa sumêlang ing kayun | Allah luwih kawasa | Mas Cêbolang karasèng tyas makidhupuh | ki tumênggung malih nabda | (m)besuk sabubaring kardi ||

13. Panuju sêla ing karya | kaparênga dolan mring wismamami | Mas Cêbolang nêmbah matur | nuwun dhatêng sandika | tyas kalangkung bingah amarwata sunu | dene ta wong agung karsa | nyaruwe mring dama nisthip ||

14. Pra tamu kang samya cêlak | kèh miyarsa dènnya lawanan angling | dilalah anut tumutur | sih wêlas mring Cêbolang | sampun mundur anyakêti dènnya lungguh | kalawan Ki Panjangêmas | (ng)gèr kula mundur rumiyin ||

15. Basane madal pasilan | benjing-enjing sontên kinèn angringgit | ngiras murwakalanipun | pangantèn èstri apan | duk amipis jampi tugêl gandhikipun | wus mantuk Ki Panjangêmas | nahên kang winuwus malih ||

16. Pangantèn rampunging panggya | kacar-kucur pinangka ing sudarmi | myang ngujung mring kakungipun | tanapi mring pra wrêdha | sawatara gya lumêbêt gêdhong santun | pangagême sakaliyan | nulya mêdal (n)jawi malih ||

17. Bujana mring gadri wuntat | kêmbul lawan sanggyaning tamu èstri | sêkul-lulut kadya gunung | nèng ngarsane pangantyan |

--- 2 : 218 ---

rêsêp rahap dènnya andrawina nutug | sawuse dènnya bujana | wangsul maring wisma malih ||

18. Lalênggahan sawatara | pangantyan gya tinilêmakên maring | patanèn samir tinutup | ngajêngan sinung rana | para tamu dèrèng wontên ingkang mantuk | sugata lumadyèng ngarsa | dhaharan wedang tap-sirih ||

19. Tamu ngulamèstri nama | NyNyi. Atikah micara tutuk manis | tinimbang rencangnya lungguh | masalahing wanodya | ingkang sampun tinraping korasan luhung | kinarya sambèn lênggahan | lawan dumadya palupi ||

20. Nyi Atikah mèsêm lingnya | luwih atut pamintanira nini | karêbène aja ngantuk | kocapa jroning praja | Banisrail ana juragan linangkung | sugih branarta budiman | Ki Suhul arannirèki ||

21. Kadange sawiji priya | aran Kasut tunggal sayayah-bibi | satuhune Kyai Suhul | kalangkung butarêpan | de bojone wadon Kasanah rannipun | ki juragan arsa kesah | dagang marang liyan nagri ||

22. Pakewuh kang pinarcaya | tunggu wisma Ki Kasut dènpasrahi | rumêksa ing ipènipun | wêlinge wantya-wantya | aja kongsi sinung wruh têtamu kakung | wusing mêling nulya budhal | korining wisma kinunci ||

23. Sabên ari tinilikan | mring Ki Kasut sung salam saking jawi | sinauran salamipun | sawiji dina lagya | nèng patirtan dhatêngira jaka Kasut | asung salam kadi saban | nanging tan ana nauri ||

24. Kathah panggagasing nala | sigra ngambil andha pinasang wuri | pinènèk Ki Kasut mangsuk | Kasanah nèng patirtan | maksih wudya myat ipe dhatêng tyas gugup | ngurat tinuturan rema | kacukup sangkriping èstri ||

25. Ki Kasut dupi uninga | mring ipene warnane yu linuwih | sru kasmaran gandrung-gandrung | kalimput trêsnèng kadang | pangucape miminta sih mring salulut | Kasanah tyas tarataban | pituturira (n)drêwili ||

--- 2 : 219 ---

26. Mrih èngêt wurunging sêdya | Kasut cuwa wirang umêdal aglis | karungrungan gandrung-gandrung | praptèng wisma ngupaya | èstri ingkang mirib warnane kang bakyu | nanging tan ana tumimbang | dadya kalantur gêng brangti ||

27. Dalu Ki Kasut gya marang | wismèng ipe Kasanah lagya guling | ginugah gragapan (n)jêtung | Kasut anggung miluta | Nyi Kasanah rèrèh ririh lingira rum | yayi èlinga kakadang | (m)bok dènwêdi ring Hyang Widdhi ||

28. Ingkang nora kasamaran | ing sasolah tingkah osiking kapti | sira pinarcaya èstu | marang ing rakanira | têka badhe rinusak pribadi èstu | kula tan apti akarya | druhakèng Pangran myang laki ||

29. Ki Kasut sugal wuwusnya | bilih èstu kakangbok tan nuruti | bilai dènnya tan wurung | Kasanah saurira | sira ayun gawe kiyanat wakingsun | mangsa bodhowa Pangeran | Ki Kasut merang wus mijil ||

30. Byar prapta wisma anulya | asasaji nyêpakkên sandhang picis | ngaturi wong priya sêpuh | catur sinuba-nuba | Kasut angling nyaritakênnyaritakkên. wêlingipun | kadang kakang lunga dagang | miwiti malah mêkasi ||

31. Mangkya ipe kula jina | arsa kula ukumakên mring nagri | ananging kapalangulun | tan darbe sahit mangka | sakalangkung ribêting manah satuhu | ki tuwa catur wus sagah | sami umanjinga saksi ||

32. Tandya maring pangadilan | lan pangulu Ki Kasut sampun panggih | purwa wasanane katur | pangulu atatanya | apa sira darbe sahit saksi tuhu | ature darbe sakawan | wong papat wus anèng ngarsi ||

33. Pangulu alon tatanya | catur saksi padha wus supatani |§ Prayoginipun / wus sunsupatani /. aturnya inggih saèstu | uning Kasanah jina | panjingipun maring Kasanah puniku | ki pangulu gya utusan | modin ambêkta piranti ||

--- 2 : 220 ---

34. Nimbali wadon Kasanah | wus kapanggih Kasanah dèndhawuhi | rèh tan rasa nandhang luput | kèh-akèh wangsulannya | tan rinungu ki modin anjirêt gulu | wadon Kasanah linarak | ngrês wêlas ingkang udani ||

35. Praptèng ngarsa kalidamar | asung salam umatur mêlas asih | pratela sucining kalbu | gantya tanya mring dakwa | lawan saksi ature satuhu wêruh | cidraning wadon Kasanah | tinêtêpakên ing dalil ||

36. Si Kasanah kukum ranjam | nulya undhang warata wong sanagri | padha têka andudulu | dadi têpa tuladha | wusing pêpak maca kutubah pangulu | tamat ing pamacanira | Kasanah pinêndhêm margi ||

37. Badan saparo katingal | ki pangulu parentah mring ki saksi | kang ginugat kinin§ Prayoginipun / lan ki gugat kinèn gupuh /. gupuh | awit ambênturana | bênêr luput tan lyan mung anèng sirèku | ingsun sayêkti sadarma | amatrapi kukum adil ||

38. Kasut lan saksi sakawan | wus tumandang nulya sakèhing janmi | samya balang ukur-ukur | kèh nolèh asru wêlas | mung Ki Kasut lan saksi sakawan bikut | pinrih praptaning antaka | kulit ajur ting saluwir ||

39. Warni lir pindha kaluwa | (m)bok Kasanah nanging sajroning ati | asasambat kakungipun | kyai kariya wirya | anèng paran mugi rinêksèng Hyang Agung | kawula nêdha apura | dosèngngongdosèngong. ing awal akir ||

40. Tulus andasihkên mring wang | mêlêng ing tyas mring Pangeran kang Karim | nêngna kang samya angrungu | kojahe Nyi Atikah | gondhonggodhong. garing ana ingkang (m)barêbêl luh | wêlas maring (m)bok Kasanah | lir mas Tumimbuling warih ||

--- 2 : 221 ---

144. Maskumambang

1. Sêrêt matur mangga linajêngna nyai | cariyos Kasanah | damêl ngêrês ing tyas tistis | Nyi Atikah mêdhar sabda ||

2. Bok Kasanah kinira uwus ngêmasi | nulya kinèn (m)bawang(m)buwang. | marang kubur cakêt margi | ngurate katon sadaya ||

3. Gilang-gilang nèng kubur tan na ngrawati | rinuhungrinubung. srênggala | saka parmaning Hyang Widdhi | srênggala tan bisa mangsa ||

4. Wayah bangun angin ngatirah sumilir | ngalilir sasambat | niayane ipenèki | ya Allah nyuwun apura ||

5. Banjur ana Baduwi dagang lumaris | nunggang untanira | angiring lêskar sawiji | raryan cêlak pakuburan ||

6. Jroning raryan ngrungu swara rintih-rintih | tanya marang lêskar | ature inggih miyarsi | kyai manawi tyang pêjah ||

7. Lah mèluwa payo padha diparani | lêskar anèng wuntat | praptaning kubur udani | wong wadon akutbahakuthah. êrah ||

8. Wuda nglungsar gya angulig-ulig sikil | sarta tinakonan | sirèki uwong punapi | pa jin setan bêrkasakan ||

9. Bok Kasanah ririh sêrêt aturnèki | kyai kula tiyang | umating Widdhi kang langip | bok inggih aparing toya ||

10. Saclêgukan supados tuwan ing benjing | winalês dening Hyang | ngara-ara Mahsar akir | amanggih toya kang mulya ||

11. Takon manèh Baduwi apa sirèki | kang dinakwa jina | kukum ranjam kongsi mati | anauri (m)bok Kasanah ||

12. Apratela ing salalakone nguni | Baduwi parentah | mring lêskar angambil warih | wus prapta sinungkên sigra ||

13. Bok Kasanah angling tan bisa nampèni | ya tuwan tulusna | krana lah tulung kaswasih | (n)dika junjung sirah kula ||

14. Nuntên tuwan curri toya cangkêm-mami | tinurut mangkana | sawusira ngêlêt warih | (m)bok Kasanah rada kuwat ||

15. Matur malih sampun tanggêl gawe bêcik | tutulung kasiyan | ki Badwi alon nauri | kaya ngapa karêpira ||

--- 2 : 222 ---

16. Tuwan bêkta awak kawula yèn lalis | tuwan angsal rahmat | agêng kawula yèn urip | dadosa lêskar paduka ||

17. Badwi rêmbag lan rencang wus anyondhongi | jinunjung mring unta | sinasaban amrih rêmit | ginawa wus praptèng wisma ||

18. Mudhun saking wisma binopong mring panti | pra rabine mapag | sarwi tanya anyalêkit | niku bakal maru kula ||

19. Ki Baduwi supatanira dharindhil | myang ngandhar carita | (m)bok Badwi dupi miyarsi | runtuh sihe bangêt wêlas ||

20. Badwi wadon angopèni anambani | tan antara lama | waras kadi nguni-uni | warna wuwuh ayu endah ||

21. Ki Baduwi mulat manahe agonjing | warnane Kasanah | tan na winancèn sadêmi | sêdhotsèdhêt. aluwês pasaja ||

22. Antêng ruruh rêspati jatmika manis | alus amrakatya | tur abêkti ing Hyang Widdhi | lungit pasanging graita ||

23. Pramilane Ki Badwi sangêt kagume | tansah sabil ing tyas | tawêkal pinasang klêndhih | wasana ngling mring Kasanah ||

24. êh Kasanah sira arsa ingsun kawin | Kasanah aturnya | kula taksih darbe laki | tan ilok manggih druhaka ||

25. Tuwin ngursakngrusak. ngamal prayogi ngèngêti | janjine Hyang Suksma | baduwi dupi miyarsi | sinung èngêt asru tobat ||

26. (m)Bok Kasanah angling marang ki Baduwi | kula darbe nadar | yèn kaparêng ing panggalih | nyuwun momong putra tuwan ||

27. Wus sinungan momongan anak Baduwi | cumucut wayahnya | momong sinambi ngabêkti | wus kadya wêka priyangga ||

28. Wirang isin duk rinanjam sirna tapis | rêna sukur ing Hyang | mangkya ki lêskar ing uni | sru kedanan mring Kasanah ||

29. Kapiadrêng tinantun kinarya rabi | nanging (m)bok Kasanah | malah bangêt mituturi | amrih elinge ki lêskar ||

30. Nora eling malah bêngis apêpeling | ayun apitênah | Kasanah wacana aris | ingsun pasrah ing Hyang Suksma ||

31. Lêskar merang karanjingan lanat eblis | wayah sirêp janma | lêskar mara marang (ng)gènning | (m)bok Kasanah lagya nendra ||

--- 2 : 223 ---

32. Angêloni sutane kyai Baduwi | lêskar wusing cêlak | ladingnya nulya tinarik | anak Baduwi pinragat ||

33. Gurung pêgat rah sumêmbur anggrubasianggubrasi. | jajane Kasanah | kapati dènnira guling | alon wêtune ki lêskar ||

34. Dupi bangun ki Baduwi mring (ng)gon siwi | kagyat mulat ing rah | (mb)alabar(m)balabar. pinriksa aglis | gurunge atmaja pêgat ||

35. Sru bramantya sarwi angujar-ujari | kagyat kang anendra | (n)jêtung datan bisa angling | Badwi jalu èstri mojar ||

36. Sarwi nangis wawalêsmu baya iki | kang gawe kiyanat | setan nora sêdya eling | kapotangan kabêcikan ||

37. (m)Bok Kasanah karuna kèh sambatnèki | dhuh tuwan punika | dhêndhaning Hyang duk kiyai | arsa nuting napsu hawa ||

38. Ngajak jina ulun datan animbangi | mangkene pinanggya | mendah kalakona nguni | pasthi luwih kasangsara ||

39. Dêmi Allah datan damêl awon maring | sutèngsun priyawak | tuhu ulun datan uning | Baduwi saya bramantya ||

40. (m)Bok Kasanah tinundhung myang dènsangoni | limang atus dirham | pêgat-pêgat dènnya pamit | luh adrês kadi turasan ||

145. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Mêdal saking wisma liwung tanpa dunung | lawan kang sinêdyèng ati | saparan muhung nut pungkur | jalma kang padha lumaris | arta myang rukuh ginendhong ||

2. Ing lakunya prapta sawiji praja gung | (m)bok Kasanah aningali | uwong sinulah rinubung | kang sinulah maksih urip | marêk takon dosaning wong ||

3. Sinauran uwong iki dosanipun | ngêntèkênngêntèkkên. artaning Gusti | luwar yèn ana kang nêbus | (m)bok Kasanah takon malih | pintên (n)têke arta katong ||

--- 2 : 224 ---

4. Saupami arta nata datan wangsul | punapinggih dènpêjahi | rèh sami bangsa Islamu | kang yun nyulah amangsuli | yêktine tan kukum layon ||

5. De wang amung dirham êmas kawan atus | prentah andika uculi | punika arta panêbus | arta wusnya dèntampani | Kasanah lajêng dènnya (n)don ||

6. Kang sinulah wusnya luwar tanya gupuh | lah punapa sababnèki | têka linuwaran ulun | kang nyulah nauri aris | ana sawiji wong wadon ||

7. Kang nêbusi dirham êmas kawanatus | kang sinulah gya nututi | cêluk-cêluk ya tuwanku | wanita asih kaswasih | kèndêla pêpundhèningong ||

8. Ingandhêgan kang sinulah wus apangguh | matur tuwan kang nêbusi | mring ulun saklangkung nuwun | sasat tuwan angsung urip | kawula malês sayêktos ||

9. Kaabdèkna ing sapurug anut pungkur | (m)bok Kasanah amangsuli | andika lungaa gupuh | saking sajroning nagari | dene ênggon ulunpasok ||

10. Krana Allah tutulung ing kawlasayun | kang sinulah ciptanèki | wong iki anyamut-nyamut | lawan rasane tyasmami | sun tan mundur praptèng layon ||

11. Wus umanjing rêncakane setan gundhul | ngangsêg marêk dènnya linggih | miminta sihing pangungrum | prasêtya ing dunya ngakir | tulusa golong-gumolong ||

12. Amarêngut amangsuli asung pemut | ingsun isih darbe laki | dènwêdi siksèng Hyang Agung | wong dènêntas saking pati | malês bilai tan ilok ||

13. Tan rinungu gya nyandhak paglangan gupuh | Kasanah nangis ing Widdhi | katrima dènnya nyênyuwun | kinipatkên mlêsat têbih | tibane kongsêp kajongor ||

14. (m)Bok Kasanah lajêng wau lampahipun | kang kongsêp satêngah mati | rêngkêng-rêngkêng grigah-griguh | sangsayarda nora eling | supata maring Hyang Manon ||

--- 2 : 225 ---

15. Nora suda rasaning tyas yèn tan lampus | kadhingklangan anututi | kininthil sapurugipun | praptèng têpining jaladri | sang dyah ngaso suku rapoh ||

16. Kang nututi uga prapta pinggir laut | singidan nora kaèksi | ana baita kadulu | ingawe lawan kulambi | wonge prau samya anon ||

17. Matur maring lurahing parau gupuh | labuh jangkar angandhêgi | kèngkènan mantrus tumurun | nampang sampun wus apanggih | kalawan wong lanang pekoh ||

18. Lingnya manis mula ngawe pamintèngsun | ajêng tumut minggah maring | palwa wontên kajatulun | wus binêkta minggah prapti | palwa gung nangkoda takon ||

19. Iya apa kang dadi gatining kalbu | winangsulan jênêngmami | rumuhun atmajèng ratu | rama ulun wus ngêmasi | nanging tan gumantya katong ||

20. Anuruti hardaning kang hawa napsu | masakat ingkang pinanggih | amung kari lêskar ulun | sawiji ayu linuwih | rèh mêsakat ulun êdol ||

21. Tur punika kakasih jantunging kalbu | lah nika (n)dika tingali | nèng pasisir lagya lungguh | para nangkoda nanggapi | nanging kyai wêlingingong ||

22. Dèn asandi ywa nganti uning mring ulun | wit trêsna sih maring mami | mêndahane lamun wêruh | kula sade têmtu nangis | pra juruganjuragan. gupoh-gupoh ||

23. Samya miyat mring Kasanah lagya lungguh | sru kasmaran wangsul aglis | mring palwa gung kumarumpyung | jor jinoran dènnya ngawis | patang atus dirham pantog ||

24. Wus tinampan arta patangatus wutuh | si pekoh pamintanèki | kinesahna badanulun | supados aywa udani | juragan tumurun alon ||

25. Numpang sampan ngudhunakên si kêpaung | juragan nulya murugi | marang risang eca lungguh | panggih awacana manis | lah payo dakgawa dhenok ||

26. Mring palwa gung Kasanah tyas sru kumêpyur | mangsuli paran

--- 2 : 226 ---

kang wadi | sirèku dèndol tuwanmu | aku kang tuku (n)dhuwiti | patangatus dinar kropyok ||

27. (m)Bok Kasanah mangsuli satuhunipun | kawulane Suksma muklis | amardika ing Hyang Agung | dudu kamat jariyahi | dudu lêskar dudu tukon ||

28. Akèh-akèh sambate datan rinungu | pinarwasa binêkta glis | mring palwa gung wus ingusung | dalu juragan marani | (m)bok Kasanah dahat lumoh ||

29. Laku dudu rinêksa dening Hyang Agung | juragan adrêng ing kapti | ayun angrangkula gapyuk | (n)jola nêbut kênèng sarik | cikêr tanganira karo ||

30. Jêlih-jêlih awak baita gumrubyuk | tanya paran darunaning | wus winêdhar sababipun | (m)bok Kasanah dènaturi | pininta apura gupoh ||

31. Ingapuran gya (n)do-donga ring Hyang Agung | juragan waluya jati | sumungkêm sru ajrihipun | pinardikakên pinundhi | sinungan branarta kaot ||

32. Ing dalune malih wong awak perau | kang samya kandhuhan wingit | sêdyarsa agrabasèng lulut |Lebih satu suku kata: sêdyarsa ngrabasèng lulut. (m)bok Kasanah ngadêg sarwi | (n)junjung astanira karo ||

33. Andodonga nyuwun pitulung Hyang Agung | nulya carat taun prapti | angin topan wus tumêmpuh | niyup wong sapalwa gusis | muhung Kasanah tan kegoh ||

34. Gya angrasuk busana awarna kakung | punang palwa gung wus minggir | praptèng labuhan pinêthuk | wong nagri lir sabênèki | Bagus Kasanah tatakon ||

35. Nagri ngriki napa ontên ratunipun | kang tinanya lon nauri | wontên tur agama Rasul | ambêg paramatèng dasih | kisanak mungguh karsèng-ngong ||

36. Kajatamba prau myang saisinipun | katura paduka aji | amba kaparênga ngaub | ing saandhap dhampar gusti | atur pêjah-gêsang-ingong ||

37. Sang aprabu suka amarwata sunu | sakala luntur ingkang sih |

--- 2 : 227 ---

têdhak pribadya mring prau | Kasanah taksih kinanthi | barang wus malbèng kadhaton ||

146. Kinanthi

1. Mangkana sira ki Bagus | Kasanah sinungan panti | tur pinanci pangannira | mring (n)Jêng Sultan Malebari | Kasanah lêrêm ing driya | tutug dènnya olah bêkti ||

2. Wus tatane nagarèku | padha ulah pangabêkti | punapa dene sang nata | ngibadahe angluwihi | sagung wadya balanira | tur asih ing pêkir miskin ||

3. Yèn ri Jumuwah sang prabu | akutbah kadhang ngimami | sang nata sampun uninga | yèn Kasanah luwih ngabid | tur lintir budi wicara | barang prakara pratitis ||

4. Myang budinira rahayu | milane mangke kinardi | carik kapala bicara | lawas-lawas munggah patih | saking salamêting manah | bênêr adile martasih ||

5. Sring dadya wakiling prabu | sawusira munggah patih | amaca kutbah Jumuwah | tatkala myarsa sang aji | bêcik mikraj jarwa wacan | myang kir'ate gya tinitik ||

6. Agêdhe ngibadahipun | takwa ing Hyang Mahasuci | barang pakewuhing praja | alang ujuring prakawis | tan lyan papatih Kasanah | kang tinari sri bupati ||

7. Sang nata dhasar wus sêpuh | mangkana ing lami-lami | sangêt dènnya nandhang gêrah | para wajiring nagari | sadaya marêg sang nata | ngatas karsaning sang aji ||

8. Angandika sang aprabu | tan na ingsun pitayani | kabèh para putraningwang | ingsun wêdi ing Hyang Widdhi | yèn miliha putraningwang | yèn kiranira tan adil ||

9. Kang dadi pitayaningsun | angrèh nagri Malebari | (m)besuk ing sapungkuringwang | amung si Kasanah Patih | iku ta ingsun pitaya | gumantiya jênêngmami ||

--- 2 : 228 ---

10. Karana iku wus putus | barang babing dalil kadis | ngabid dhasar bèr budiman | wiweka ingêring nagri | cakêp sabarang dènucap | atas ing tata atiti ||

11. Iku kang mangka panuntun | marang anak-putumami | ing panggawe kang utama | angluluri Ratu Bangil | ingsun pracaya ing Suksma | jumênênge anakmami ||

12. Sêdhêng iku sarwa putus | barang rèh wong dadi aji | sawuse Raja Kasanah | anakingsun ingkang dadi | ya ratu-ratu kang mulya | tulat Kasanah narpati ||

13. Karana aja na masgul | iya ing sapungkurmami | payo sira timbalana | si Patih Kasanah aglis | sapraptanirèng ngajêngan | sang nata ngandika aris ||

14. Èh Kasanah jênêngingsun | kaya mèh prapta ing janji | sapa wruha kukumolah | sira sunpasrahi nagri | dadiya gêgêntiningwang | angrèh para wajir-wajir ||

15. Patih Kasanah umatur | ya tuwan sri narapati | pundi parentah kang mulya | sukur alkamdulillahi | punika saèstu tuwan | apan§ Prayoginipun / awas /. kamulyan ing wingking ||

16. Anulya bubaran mêtu | para wajir-wajir ngiring | marang Kya Patih Kasanah | praptèng wismanira sami | apatih manggung munajat | ing Widdhi datan alali ||

17. Antara sang nata surut | mulih mring rakhmatullahi | para wajir samya marak | mring Patih Kasanah aglis | ingiring masuk mring pura | wus jumênêng narapati ||

18. Ing Malebari jujuluk | Ngapiyah Sultan Salikin | mustajab pandonganira | ing Suksma sabên miyosi | salat Jumuwah atarab | pêkir miskin nèng surambi ||

19. Ngadhang wiyose sang prabu | myang kang samya nandhang sakit | aglar anèng palataran | yèn sampun bakda sang aji | nêmoni wadya kang lara | miwah ingkang para miskin ||

--- 2 : 229 ---

20. Sadaya sami anuwun | sawab bêrkate sang aji | nuli (n)dêdonga mring Suksma | waluyaning sagung dasih | mustajab sadaya waras | barang ingkang nandhang sakit ||

21. Miwah ingkang sakit kalbu | luwar saking singkêl sêdhih | kang mêlarat kacukupan | saking murahe sang aji | tan ana wong duka cipta | gêng alit suka ing ati ||

22. Sabên Jumuwah sang prabu | miyos salat maring masjid | anggaganjar wong kasiyan | pêkir miskin para langip | mangkana ing lama-lama | mashur ing liyan nagari ||

23. Mangkana ingkang winuwus | prapta adiling Hyang Widdhi | kang padha gawe kiyanat | marang (m)bok Kasanah dhingin | sadaya anandhang lara | nora jamak-jamak jalmi ||

24. Ana dene lakinipun | Ki Suhul pan lagi prapti | dènnira lunga adagang | wus lawas onênging ati | kusung-kusung (n)jujug wisma | wismane kapanggih sêpi ||

25. Mung sadulure alungguh | dhewe tur anandhang sakit | banjur mring paturonira | rabine nora kapanggih | atakon mring arinira | kakangira ana ngêndi ||

26. Lan kêna ngapa sirèku | mêrêm netranira kalih | cikêr karo tanganira | kêna ngapa iku yayi | saure asmu karuna | wus takdire awakmami ||

27. Dhuh kakang saduluringsun | aja atakon ing rabi | si kakang uga wong ala | wus mati kukuming adil | ajina marang wong lanang | Ki Suhul (n)jêngêr tan angling ||

28. Tan wruh tibane kang êluh | asêrêt dènnira angling | ing êndi (ng)gonne amêtak | jisime kakangirèki | Ki Kasut sumaur sugal | sampun pinangan ing anjing ||

29. Kalangkung bunêking kalbu | Ki Suhul mèh tanpa budi | tinilar ing rabinira | arine anandhang sakit | tan jamak-jamak manungsa | Ki Suhul amuwus aris ||

30. Yayi tambakna laramu | ingsun ingkang ambeyani | nadyan têka pira-pira | artaku yèn sira mari | arewang sun rêrêmbugan | aja wèt nandhang prihatin ||

--- 2 : 230 ---

31. Nulya angundang dhêdhukun | têtamba awarni-warni | tan ana kang marasêna | yata na dhukun sawiji | mring Ki Suhul awawarta | sadulur (n)dika pribadi ||

32. Olèha satus dhudhukun | nora waras ing jajampi | luwung (n)dika gawa seba | mring sultan ing Malebari | dongane langkung mustajab | sultan anyar Malebari ||

33. Duk arsa kesah Ki Suhul | marêk ing sri narapati | wong papat padha miyarsa | dhingin padha dadi saksi | anandhang lara cintraka | tan waras dening jajampi ||

34. Kapat pisan samya nunut | seba marang Malebari | sarêng mangkat anèng marga | mondhok wismaning Baduwi | kang mupu wadon Kasanah | duk mêntas karanjam dhingin ||

35. Sawusnya padha sinuguh | Ki Badwi tatakon aris | kisanak sanak sadaya | sami arsa dhatêng pundi | ambêkta titiyang lara | Ki Suhul aris nauri ||

36. Badhe marêk ing sang Prabu | Salikin ing Malebari | anunuwun sawab donga | wontêna apurèng Widdhi | mring sanak-kula punika | kang sami anandhang sakit ||

37. Badwi mojar kula nunut | (m)bêkta bocah kula sakit | tan saras dening jajampya | nulya sarêng mangkat saking | wismaning Badwi nèng marga | arèrèn ana wong prapti ||

38. Ginendhong larane lumpuh | wong ingkang sinulah dhingin | tinêbus ing (m)bok Kasanah | dumadak mangke kapanggih | lan kaipe (m)bok Kasanah | bêbarêngan anèng margi ||

39. Wau ta rencangnya lungguh | kang samya myarsa critaning | ngulama Nyai Atikah | langkung lêga sukèng ngati | ngucap sukur padha tampa | babêndunira Hyang Widdhi ||

40. Sakirane yèn kapangguh | lawan (n)Jêng Sultan Salikin | têmtu kawêlèh sadaya | bok aja karsa nambani | dimèn padha modar pisan | Nyi Atikah crita aglis ||

41. Tunggal karêpe kadyèku | marêg ing Sultan Salikin | sapraptanira ing praja | samya (n)jujug ing surambi | anuju dina Jumuwah | nut tataning kang wus uning ||

--- 2 : 231 ---

42. Bakda Jumuwah sang prabu | miyos pinarak surambi | nêmoni umating Suksma | kang padha anandhang sakit | pan sabên-sabên mangkana | anggêganjar wadya alit ||

43. Sang nata awas andulu | mring lakine nora pangling | lan wong kang gawe kiyanat | kabèh prapta padha sakit | matur juragan manêmbah | ya tuwanku sri bupati ||

44. Kang asih wêlas mring wadu | amba anuwun mring Gusti | tuwan suwunna apura | ing Suksma Kang Mahasukci | inggih sadulur kawula | punika kang nandhang sakit ||

45. Angsala apuranipun | sirnaa ingkang sasakit | ngandika Sultan Ngapiyah | insya Allah yèn marêngi | iya karsane Hyang Suksma | besuk ing Jumuwah maning ||

46. Sira padha marêk wangsul | pêpêka anèng ing ngriki | ingsun dongakakên ing Hyang | lah nêdha bubaran dhingin | pêndhak Jumuwah wus prapta | samya saos nèng sarambi ||

47. Ngadhang miyose sang Prabu | Sultan Ngapiyah wus mijil | miyose salat Jumuwah | wus bakda lunggwèng surambi | sakèhe kang duwe kajat | samya majêng awotsari ||

48. Miwah ingkang nyuwun tulung | sudagar Suhul gya aglis | matur tuwan Sah-ing Alam | mugi suwunna tumuli | mulyane sadulur amba | antuke apurèng Widdhi ||

49. Aris ngandika sang prabu | èh punapa (n)dika asih | kiraka mring kadang (n)dika | ki juragan matur aris | kalangkung asih kawula | mila marêk paduka ji ||

50. Saking wêlas mring sadulur | sang nata ngandika wadi | (ng)gih (n)dikasasih(n)dika asih. mring kadang | nging kadang (n)dika tan asih | kiraka marang andika | agawe srêkarèng ngati ||

--- 2 : 232 ---

147. DhandhanggulaTeks asli: Sarkara.

1. Angandika malih mring kang sakit | sadulure juragan Kasanah | wruhanira satuhune | Hyang Suksma ingkang Agung | iya nora anêmbadani | marang pandonganingwang | yèn sira tan tutur | purwanira kêna lara | yèn sira wus tutur kang bênêr mring mami | ingsun matur mring Suksma ||

2. Sunsuwunkên apurèng Hyang Widdhi | marang sira supaya olèha | aja pijêr mênêng bae | ki sudagar amuwus | lah matura ing sri bupati | adhi ingkang balaka | kang lara umatur | kula tan sagêt matura | mring sang nata sangêt gumêtêring ati | maring (n)dika kewala ||

3. Ngandika sang nata iya bêcik | sira tutur marang kadangira | iya tan ana bedane | kang lara nulya matur | satuhune Suksma aparing | musibat ing kawula | punika witipun | (ng)gih saking rayi andika | (m)bok Kasanah kala (n)dika tilar anis | kula angrêksèng wuntat ||

4. Inggih kula rêksa saking (n)jawi | nuju kula cêluk saking lawang | dangu tan ana saure | marase manahingsun | (m)bok ginawa ing wong anilip | ingsun anjog buritan | si kakang katêmu | adus pan sarwi wuwuda | wus dilalah ing manah kagodhèng eblis | sangêt kula kasmaran ||

5. Nora kêna kulamujadahi | manahkula nanging (m)bok Kasanah | kaliwat-liwat lumuhe | sunwiyoga tan keguh | sangêt sakit rasaning ati | saking awonkawula | sun prih pêjahipun | mila tumêka ing ranjam | saking kula matur kukum tuhu saksi | jangkêp saksi sakawan ||

6. Puniku kakang purwane nguni | agung dosa kawula ing Suksma | sinung cilaka mangkene | duk amirsa sang prabu | saujare krêntêging galih | sokur alkamdulillah | ki sudagar matur | lah punika sri narendra | dosanipun sadulurkula ing Widdhi | wus kawuningan tuwan ||

7. Nuntên suwunna apurèng Widdhi | supaya waras pandonga tuwan | angsala sawab barkate | nulya ngadêg sang prabu | andodonga [an...]

--- 2 : 233 ---

[...dodonga] ing Maha Sukci | kaya sabêne adat | dongane jinurung | dening Hyang ingkang alara | pan waluya sakala sudagar uning | yèn arine waluya ||

8. Saking pandongane sri bupati | ki sudagar ngaturakên arta | ing sang nata kèh bêktine | angandika sang prabu | ingsun nora krana artèki | amung karana Allah | sadaya pan wangsul | artanira ki sudagar | lan dèn jaluk apuranira mring ari | sawusira mangkana ||

9. Nulya wong papat matur ngabêkti | ya tuwanku mugi ta wontêna | pitulung anêdhakake | apuranira Hyang Agung | mring kawula mariya sakit | saking pandonga tuwan | ngandika sang prabu | kayapa pratingkahira | nulya matur wong papat saha wotsari | ya tuwan Sah ing Alam ||

10. Pratingkah kang kawulalampahi | inggih awon-awonning pratingkah | sang nata pangandikane | lah ya ucapna gupuh | sakèh halatira ing Widdhi | supaya sun bisaa | matur ing Hyang Agung | anuwunakên apura | marang sira olèha apurèng Widdhi | wong papat sarêng ngucap ||

11. Dhingin kawula keruting eblis | inggih dening melik arta kathah | ginawe saksi pêjahe | (m)bok Kasanah rumuhun | kang rinanjam sayêktos sami | ujar dora sadaya | malah kula dipun | kèn ambalang (n)dhinginana | mring Ki Kali lawan ingkang buwang maring | pakuburan kawula ||

12. Jisimipun (m)bok Kasanah dhingin | sadhatêng kula saking kuburan | lajêng karaos sakite | tuhu sakit bêbêndu | saking Widdhi tan jamak janmi | ya tuwan Sah ing Alam | kang kawula suwun | pandonga tuwan ing Suksma | kang supaya wontêna apurèng Widdhi | dhatêng badan kawula ||

13. Nulya ngadêg Sultan Ngapiyahi | luhuring mimbar ngadhêp ing keblat | sarta anjunjung astane | pandongane jinurung | wong sakawan wus padha mari | waluya lir ing kuna | Kyai Badwi matur | ya tuwanku Sah ing Alam | amba nuwun pandonga kang ambarkahi | mring laskar nandhang papa ||

14. Nuwun laskar kawula puniki | darbe lara tan jamak manungsa | angsala pangapurane | ing Hyang Kang Maha luhur | angandika

--- 2 : 234 ---

Sultan Salikin | oh laskar atutura | sapolah tingkahmu | ingkang dursila ing sarak | dènbalaka ala bêcik aja kumbi | ki laskar atur nêmbah ||

15. Inggih kawula kala rumiyin | maranggul èstri ayu awasta | (m)bok Kasanah sru lumuhe | kula prih pêjahipun | momongane kula patèni | anake tuwan kula | punika kang lampus | kula sambêlèh ing gobang | nèng paturon pamurih kula ing ngati | Kasanah dènukuma ||

16. dhatêng adil lawan ukum pati | maring tuwan kawula wêkasan | têka dipuntundhung bae | nuntên sakesahipun | (m)bok Kasanah kawula sakit | kenging bênduning Allah | ngandika sang prabu | èh Ki Badwi lêskarira | apuranên dosane aja kok-pikir | nyêmbêlèh anakira ||

17. Matur nêmbah sira Ki Baduwi | inggih gusti kawula apura | pun lêskar ing sadosane | tan antara sang prabu | ngadêg (n)donga Laratullahi | ki lêskar wus waluya | gya Badwi tur atur | arta mring sri Maharaja | tan tinampan nulya wong sinulah dhingin | kang adol (m)Bok Kasanah ||

18. lajêng matur nêmbah ing sang aji | kawula nuwun pandonga tuwan | kang mustajab pitulunge | angandika sang prabu | apa salahira kang dadi | witira kêna lara | wong punika matur | ya tuwanku Sah ing Alam | dhingin amba sinulah mèh praptèng pati | dosa kula kanggenan ||

19. Kagunganipun kang darbe nagri | arta kawan atus dinar têlas | kula têdha sadangune | anurut ngugung nêpsu | duk kasulah kawula gusti | wontên kang wlas anama | (m)bok Kasanah nêbus | inggih kawanatus dinar | nuntên luwar kawula arsa malês sih | nututi (m)bok Kasanah ||

20. Nêdya malês kapênêdan saking | gawok mulat ayune kang warna | pan lajêng kasmaran bae | manah wuyung kalulun | (m)bok Kasanah dahat tan apti | dhatêng badankawula | praptèng pinggir laut | kawula damêl karenah | kawula dol ing juragan dipun bêli | (ng)gih kawanatus dinar ||

21. (n)Gihnggih. punika dosèngong mring Widdhi | angandika (n)Jêng

--- 2 : 235 ---

Sultan Apiyah | mring ki juragan lakine | ya (m)bok Kasanah iku | kang dènêdol marang wong iki | jawane rabinira | ki juragan matur | ya tuwanku Sah ing Alam | inggih rabi kawula tur ingkang dadi | dhadhangkèling wardaya ||

22. Sultan Ngapiyah mèsêm ing galih | angandika lah (n)dika ngapura | wong puniki kang asade | rabi (n)dika kang lampus | matur nêmbah inggih sang aji | kabul kang pangandika | ing sadosanipun | inggih kawula apura | tuwan dongakakên ing kalarad inggih | angsala barkat tuwan ||

23. Pintên-pintên ngamal paduka ji | sampun tanggêl tulung tyas kiyamat | mangka tuwan inggahake | ing manah kang rahayu | nulya donga Sultan Salikin | kaya kang wus kalakyan | waluya kang lumpuh | sawusira padha mulya | ki juragan Kasanah matur ngabêkti | ya Gusti Sah ing Alam ||

24. Sampun tanggêl tutulung kaswasih | tuwan têdhakakên dening§ Prayoginipun / mring / [kalau pakai 'mring' kurang satu suku kata: sebaiknya 'maring']. Suksma | rabikawularabi kawula. panggiyepanggihe. | lawan rarainipun | rabi kula (m)bok Kasanahi | saking suhuling manah | mèsêm sang aprabu | aris dènnira ngandika | èh kiraka napa pakênira asih | mring rabinta Kasanah ||

25. Têka tumungkul atutup rai | ki juragan Kasanah sru merang | katon tibane êluhe | nèng ngarsane sang prabu | pangrasane dipun èsêmi | nulya sami pamitan | sawusira sujud | ing ngarsa nata ngandika | ya bismilah ki raka kariya dhingin | wontên kajatmanira ||

26. Manawa ingsun bisa muwuhi | awèh lêga manahpakênira | nulya padha mulih kabèh | mung ki juragan kantun | nganti karsanira sang aji | sawusira (ng)gêganjar | mring pêkir gya kundur | mring pura lan ki juragan | Kasanah binêkta manjing jroning puri | panaripurnèngpinaripurnèng. wastra ||

27. Ingupasuba kang angladèni | para èstri yu ayu sadaya | wusing ngajak jajar linggèh | juragan lan sang prabu | ki juragan tansah amikir | kaya karsa nata |Kurang satu suku kata: kaya karsaning nata. tan kaduga ingsun | ingajak mring

--- 2 : 236 ---

prabayasa | ki juragan saya ajrih pinaksa mring | sri nata angandika ||

28. Èh kiraka napa (n)dika uning | maring rabi (n)dika (m)bok Kasanah | ki juragan lon ature | ya tuwanku sang prabu | rabiambarabi amba. pan sampun mati | karanjam sampun lama | inggih pêjahipun | ature banjur karuna | ki juragan saya kagagas ing ati | sang nata angandika ||

29. E ya sakathah-kathahing puji | kagunganira Kang Maha mulya | kang paring laki dasihe | mangka pinisahingsun | lawan laki satuhunèki | ingsun kagunganing Hyang | abali wakingsun | ya maring Pangeraningwang | tan antara Sultan Apiyah (m)buwangi | busananing karajan ||

30. Nulya nganggo busananing putri | katon mancur ngunguwung cahyanya | kalangkung ayu warnane | Ki Juragan andulu | ing warnane sri narapati | myang kaelokanira | lan kadadènipun | ki juragan datan samar | lamun iya sang nata rabine nguni | kang aran (m)bok Kasanah ||

31. Nulya sujud ing Hyang Maha Sukci | sanalika sujud nulya ngucap | èh sang nata satuhune | paduka rabiulun | mangka saurira kang rayi | inggih yakin Hyang Suksma | nêmbadani kayun | andika lan angsung mirah | manggihakên andika kalawan mami | dènagung apuranta ||

32. Ki Juragan age arsa nyandhing | marang rabine aris turira | dhuh kiyai mangke-mangke | dèn asabar ing kayun | kula arsa salat rumiyin | inggih kalih rêkangat | nulya toya wulu | asalat kalih rêkangat | sarta ulun eklase ing dalêm ngati | sawusira asalat ||

33. Nulya sujud matur ing Hyang Widdhi | ya Pangeran tuwan mundhut uga | nyawa kawula samangke | andhinginana mantuk | ing karahmattulah Ilahi | mangkana sinêmbadan | sedanya sang prabu | ing sajroning sujudira | ki juragan tan wruh yèn rabine mati | dupi praptèng antara ||

34. Ki juragan têka amarani | ing prênahe rabine asalat | dupi kawaspadakake | yèn palastra sang prabu | mulih marang rahmatullahi | eram ing kodrattulah | ki juragan ngungun | banjur [ban...]

--- 2 : 237 ---

[...jur] anjêlèh karuna | pan gumuruh kabèh wong jro pura nangis | kapyarsa saking (n)jaba ||

35. Para wajir-wajir manjing puri | myang punggawa gagêtun sadaya | dene tan mirsa gêrahe | myang para wadya kaum | samya maring pura nyirami | layone ratunira | kinapas wastra lus | jinêbat kasturi ngambar | wus sinalatkên dènangkat umanjing | kubur rinaja-raja ||

36. Gumêr para kaum maca takbir | tahdalil lahmir§ Prayoginipun / tahngalil tahwid / = maos tahlil tuwin tahmid. sarta sidêkah | arta pira-pira kèhe | sawusira kinubur | nulya para wajiring nagri | pakumpulan angangkat | raja putranipun | ratu kang seda ginantyan | dening Sultan Apiyah mangkya dadya ji | ingangkat wong sapraja ||

37. Ki juragan Kasanah tan mulih | pan atunggu anèng pakuburan | pinanci sandhang pangane | marang kang madêg prabu | datan ginggang saengga mati | ki juragan Kasanah | (ng)gènnya tunggu kubur | nasikatun têgêsira | lah ta iki pitutur yogya pawèstri | padha ngalapa ansap ||

38. Lawan padha mirsakêna ugi | ing pitutur hikayat punika | krana iku nêguhake | anggêp mring lakinipun | eling-eling wong laki-rabi | kang têtêp adilira | yèn mungguh wong kakung | dene yèn mungguh wanodya | arêp têtêp bêktine marang ing laki | aja na sumrambana ||

148. PocungTeks asli: Pucung.

1. Nyi Atikah kèndêl dènnira amucung | sajroning carita | pra pawèstri kang miyarsi | kathah njomblong myang pangantèn datan nendra ||

2. Kyai among-tamu ngancarani gupuh | sumangga punika | wedang dhaharan sinambi | Nyi Atikah lawan para tamu atanggap ||Lebih satu suku kata: Nyi Atikah lawan pra tamu atanggap.

--- 2 : 238 ---

3. Nginum wedang dhahar sakaparêngipun | kang samya karênan | matur rèhne dèrèng lingsir | taksih sontên mugi ta amarêngêna ||

4. Amêdharkên cariyos sawontênipun | cagaking lênggahan | tunggil kinarya palupi | utamine padhèstri winêngku priya ||

5. Nyi Atikah pinudyèng tyas ngandika rum | lah ana pandhita | dhepok wukir Wanasari | saka Ngatasangin kêkasih Sèh Akbar ||

6. Garwa endah Siti Supiyah jêjuluk | samya manguntapa | têtêp suhulirèng Widdhi | Wanasêkar dumadya Wanaraharja ||

7. Sang awiku darbe putra èstri ayu | cahya nuksmèng wulan | ramebu kalangkung asih | sinung aran Siti Dara Murtasiyah ||

8. Diwasanya asru brangti mring Hyang Agung | kêncêng kang ngibadah | (n)darus Kur'an siyang ratri | adi peni datan ana kang winada ||

9. Kasubingrat kèh kang ngêbun-êbun esuk | tan ana tinampan | kasêngsêm bêkti ing Widdhi | lawas-lawas ana sayid trah minulya ||

10. Mêndhêm kula kasrakat lir pakir èstu | Sèh Ngarip panêngran | lêlana sangkaning alit | myarsa warta lamun dhukuh Wanasêkar ||

11. Kartaharja kanggonan janma linuhung | myang darbe atmaja | wanudya ayu linuwih | srênging karsa tandya maring Wanasêkar ||

12. Nuju ari Jumuwah (n)jujug ing tajug | jêjêl kang asalat | ngantya (m)balèbèr mring srambi | garwanipun Sèh Akbar lan putranira ||

13. Samya makmum nèng pawèstrèn sakloripun | panti pangimbaran | wusnya sunat Jumngah nuli | Ki Sèh Ngarip minggah mimbar maca kutbah ||

14. Swara arum gêtas rênyah nganyut-anyut | kutbah walisana | wignya ing kir'at patitis | lah kocapa sira Dara Mutasilah ||Murtasiyah.

15. Myarsa kutbah kawawang wingiting kalbu | rongèh dènnya lênggah | baya wus takdiring Widdhi | Ki Sèh Ngarip jodho lawan Murtasiyah ||

--- 2 : 239 ---

16. Sang dyah ayu kataman asmara gandrung | sru sabil ing nala | panuwunira ing Widdhi | ywa kawiyak dènnya kataman wiyoga ||

17. Sabakdaning Jumuwah pra èstri mantuk | Dara Murtasiyah | sêmpoyongan lampahnèki | ciptaning tyas aywa nganti u-uningaa ||Lebih satu suku kata: ciptaning tyas aywa nganti uningaa.

18. Mring kang kutbah dilalah Sèh Ngarip uwus | nèng srambi umiyat | marang kang lagya lumaris | ciptèng nala baya kae atmajanya ||

19. Kyai wisma satuhu lamun linangkung | iba sunwêruha | saka ngarêp baya gumbing | Ki Sèh Ngarip uga sru nandhang kasmaran ||

20. Sawusipun bakda salat sang palungguh | nulya sasalaman | lawan sakèhe pra santri | Ki Sèh Ngarip tur salam kèri priyangga ||

21. Kalihipun samya kacaryaning kalbu | sawusing salaman | Sèh Akbar tatanya aris | kalingane kang kutbah wau kisanak ||

22. Rèh anêmbe kawuryan nèng dunung ulun | kula nilakrama | ki bagus ingkang wawangi | lan pinangka-tuwin kang sinêdyèng karsa ||

23. Nêmbah matur saking Taib asalulun | Sèh Ngarib wastamba | lalana sangkaning alit | kawlasarsa tinilar ing yayah-rena ||

24. Krêdyating tyas mung arsa takabul ngèlmu | kalunta kasrakat | thêring tyas mring Wanasari | (m)botên langkung sêdyèngulun ngèstu-pada ||

25. Ki Sèh Akbar kalangkung rêsêping kalbu | binêkta mring wisma | nèng langgar dènnya manggihi | animbali ing garwa wus praptèng langgar ||

26. Sinungan wruh kaliye wus nganggêp sunu | Sèh Akbar kalawan | rubiyahira trêsna sih | tan cinatur laminya wus manjing wisma ||kalihe.

27. Sakèh kawruh agal alus wus kacakup | myang sinungan wikan |

--- 2 : 240 ---

adarbe kadang§ Prayoginipun / anak /. pawèstri | yèn sêmbada Sèh Ngarip kinèn anggarwa ||

28. Tan lênggana gya rubiyah sinungan wruh | (n)dadak tata-tata | bakal dhaupe kang siwi | ingkang ibu amanggihi Murtasiyah ||

29. Amêdharkên ing karsane ramanipun | mopo aturira | durung niyat loka-laki | rinarêsih ingimur mrih dhanganira ||

30. Wus miturut winantu sakèh pitutur | utamaning krama | Sèh Akbar nut mituruti | lan carita dadiya têpa tuladha ||

31. Duk (n)Jêng Nabi Suleman mêngku kêprabon | nyatakake watak | ing wong lanang lawan èstri | gya utusan nimbali wong lanang lagya ||

32. Sih-sinihan kalawan ing rabinipun | kang lanang jênthara | kang wadon ala tur bêngis | lêngus lanas wus kakalih awêwêka ||

33. Praptèng ngayun (n)Jêng Nabi ngandika arum | pantèn milanira | pakênira suntimbali | awit ingsun liwat sih trêsna ing sira ||

34. Mung kapalang sira sih trêsna satuhu | marang rabinira | kalamun kolu matèni | sun paringi ijol putri ayu endah ||

35. Lan sun-junjung dadya pangran dipatya nung | wong lanang turira | saguh lan sukaning ngati | pinaringan pêdhang landhêpe kalintang ||

36. Sigra mundur lawan nyangking pêdhangipun | sapraptaning wisma | rabine kapanggih guling | ana ngambèn angêloni anakira ||

37. Kang pasuson nèng dhadha sapiyanipunsapihanipun (dan di tempat lain). | kaprênah nèng kanan | wong lanang dupi udani | tyasnya kêju (n)jêtung kaduwung ngrês wêlas ||

38. Dènnya saguh matèni ing rabinipun | anak kang sapiyan | rinangkul lan dèntangisi | bojo anak kabèh kapati anendra ||

--- 2 : 241 ---

39. Nulya wangsul pêdhang cinangking rawat luh | praptèng byantarendra | ngaturakên pati-urip | datan têgêl solahe katur sadaya ||

40. Kangjêng Nabi Suleman suka kalangkung | sarwi angandika | tutugna (ng)gonnira asih | ingsun ganjar barana busana arta ||

149. Mijil

1. Mijil (ng)gawa ganjaran narpati | sukur ing Hyang Manon | antara tri ari sri pamase | gantya ingkang wadon dèntimbali | prapta byantara ji | sang nata lingnya rum ||

2. Dhuh (m)bok ngantèn jantunging tyasmami | woding driyaningong | ingsun liwat kasmaran yêktine | marang sira wong manis mrakati | kuciwane isih | winêngku ing kakung ||

3. Lamun sira kaduga matèni | mring lakimu dhenok | pasthi ingsun pundhut garwa anggèr | amangkoni kênyoamêngkoni kênya. jro puradi | sun pasrah sirèki | nyèthiya maringsun ||

4. Bok rubiyah dupi amiyarsi | pangandika katong | anarêthêk trênyuh ing driyane | nyipta sèwu gung nugrahèng Widdhi | bakal dadi padmi | tungguling para rum ||

5. Sanalika sêdhêng ciptèng laki | nêmbah matur sagoh | amêjahi marang ing lakine | lawan sasar ywa kawuryan janmi | malah aprayogi | kalih wêkanipun ||

6. Pinêjahan ywa tanggung ing kardi | suka sang akatong | dangu paran tingkahira nikèn | amatèni laki lawan siwi | nuwun inggih gusti | linêbêtan racun ||

7. (n)Jêng Suleman malbèng dalêm puri | mundhut pêdhang kaot | dhasar timah sinangling mancèrèt | ulês bludru wus miyos cinangking | ngandika mring èstri | kasuwèn rinacun ||

8. Pêdhang iki tamakna tumuli | mring lakimu dhenok | pasthi nora mindhoni gawene | anèng marga poma ywa katarik | rubiyah nampèni | pêdhang nêmbah mundur ||

--- 2 : 242 ---

9. Gagancangan dènnira lumaris | sang aprabu ngodhol | pra pandhita sapuluh kang (n)dhèrèk | (m)bok rubiyah sapraptaning panti | lakine aguling | ngêloni dwi sunu ||

10. Ngadêg anèng keringe kang laki | narik pêdhang gupoh | (m)balêrêngi gumêbyar jwalane | ciptaning tyas nora mindho kardi | katiga babar ji | tinamakkên gupuh ||

11. Wus tumiba bojo (n)jola tangi | pêdhang timah mlendo | (m)bok rubiyah asru gagêtune | sinung eling ngrungkêbi mring laki | sasambat mlasasih | srah tobat (n)dharudhut ||

12. Kangjêng Nabi sru gujêngirèki | angandika alon | mring pra rêsi lah niku rupane | tyase wadon rupêg rupak budi | dadiya palupi | ing tyas ywa kalimput ||

13. Sang dyah Murtasiyah duk miyarsi | luhira drês miyos | tyas mangikis nêdhèng Pangerane | aywa nganti kataman kadyèki | tumungkul mrakati | angusapi êluh ||

14. Ki Sèh Akbar angandika malih | babo putraningong | wus mutamat maring pandhita kèh | anêtêpi kaya Kangjêng Nabi | yèn wong wadon nini | tyase nora jujur ||

15. Ewa mangkono pan akèh dening | titahing Hyang Manon | pasthi ana kang bêcik atine | paitane tan lyan bêkti laki | kaya ta kang uwis | wulange ibumu ||

16. Lamun têmên-têmên dèntêtêpi | manthêng nora bengkong | iya iku kanugrahan gêdhe | yèn nêtêpi bêkti marang laki | ing dêlahan manggih | kamulyan kang agung ||

17. Lah ta rêke babo ana maning | sayogya linakon | lamun sira samoaning akèh | lungguhira ywa rongèh dènwingit | yèn gumuyu nini | ywa katon gusimu ||

18. Yèn lumaku rêke aywa cincing | tumindak dènalon | lan maninge aywa nolèh-nolèh | aywa rarasan turuting margi | lan ywa ngatarani | (ng)gènta olah laku ||

19. Duk ngalame (n)Jêng nayakèng bumi | nitahkên Hyang Manon | mring wong wadon sawiji aranne | (m)bok Aklimah pan kinarya sukci | mring kang murbèng bumi | pan sinama wau ||

--- 2 : 243 ---

20. Iya marang para Nabi-nabi | Hyang Suksma dènnya mong | saluhuring para wali (ng)gènne | pangêla-êlanira Hyang Widdhi | malah mèh sinami | lan putra (n)Jêng Rasul ||

21. Ginanjar ing warna ayu ngrungih | cahyanya mancorong | lir basanta purnama kênyare | jinodhokkên lan wong kaki-kaki | wungkuk kuwu nanging | sugiye kalangkung ||

22. Mata bèlèk gudhigên tur mêngi | untune mèh gogrog | rêngkak-rêngkik (m)bêsisik awake | kêrêp mara-tangan lêngus bêngis | mring kang wadon luwih | butarêpanipun ||

23. Yèn kang wadon gumuyu tan ririh | untu kongsi katon | miwah têlak pasthi lamun gêdhe | ukumira tan lyan saking rai | kang dènsalênthiki | kaping têlungpuluh ||

24. Yèn ngladèkkên dhahar nuju laki | nyèlèhkên tan alon | kongsi kocak nèng tuwung jangane | jangan nuli siniratkên rai | wuwuh dèncamêthi | iya kaping têlu ||

25. Yèn lumaku nèng latar kasliring | kentol kongsi katon | kang dènukum ya karo sikile | pan binanting kuping dèn slênthiki | yèn kang lanang lagi | dhayohan kongsi wruh ||

26. Marang ing wong lanang lyan sayêkti | rinaupan lombok | yèn turu kinèn tunggu (n)daganne | amêtêki tuwin angêbuti | lamun durung nglilir | nora kêna mêtu ||

27. Mangka mangsanira lagi nglilir | kang wadon tan katon | nadyan lagi susuci myang sêne | pasthi kêna ukum gêng pinanggih | ginèrèt binithi | tinapuk jinantur ||

28. Awak tatu ngrêncêm bocah-bocih | anuli pinopok | uyah asêm lan jêruk wrak arèn | suprandene mantêp dèntêtêpi | dènnya bêktyèng laki | tuwa kêmpong pikun ||

29. Rêngkik-rêngkêk tuwa kuru mêngi | cinipta jaka nom | lêngus kêrêng lan mara-tangane | nyipta bagus anèng tilamsari | malah Kangjêng Nabi | Rasul putranipun ||

30. Siti Patimah arsa manggihi | miyarsa pawartos | saking ingkang rama andikane | kinèn malap§Prayoginipun / ngalap. sasangêt minta sih | mring

--- 2 : 244 ---

Aklimah dening | sru bêkti ing kakung ||

31. Dèwi Patimah gupuh lumaris | siji tan (m)bêkta wong | mung kang paman Ngali ngatêrake | mamanuki saking wuri têbih | sapraptanira ring | kono nuju suwung ||

32. Lunga dagang kaki tuwa nanging | ingkang wadon kinon | tunggu wisma anèng gêdhong bae | lawang-lawang kabèh dènkuncèni | latarira sarwi | dènwuri-wuri awu ||Lebih satu suku kata: dèn wur-wuri awu.

33. Pamrihira yèn wontên wong prapti | kongsi lumêbèng jro | pasthi lamun katara awake | samana Siti Patimah prapti | nguwuh minta kori | (m)bok Aklimah krungu ||

34. Sapa wonge kang aminta kori | nora wlas maringngong | ki omah sêpi ta baliya bae |Lebih satu suku kata: ki omah sêpi balia bae. Dèwi Patimah alon nauri | sun kang minta kori | Habibolah sunu ||

35. Ya kang cèthi Sayidina Ngali | Patimah wakingong | sadhelarsa panggih lan dhèwèke | wadon Aklimah tetela myarsi | yèn kang minta kori | atmajèng (n)Jêng Rasul ||

36. Èstri guruning wadon sabumi | Patimah sayêktos | minulyakênminulyakkên. dening Hyang èstrine | (m)bok Aklimah kewran tyasirèki | arsa amanggihi | jrih dukaning kakung ||

37. Pasthi kênèng kukum gêng nêmahi | ing satêmah layon | lamun nora manggihana rêke | mring tatamu ajrihe nglangkungi | dene putrèng Nabi | wêkasan anglalu ||

38. Nêmah kênèng ukume kang laki | kunci wus sinorog | kori mênga sang rêtna nulya ge | manjing ing jro kagyat aningali | mring kang duwe panti | cahyanya sumunu ||

39. Lir banguning kartika myang maksih | sumêdhêng yu anom | pantês lamun kawêngku pamase | siniwaya anèng jroning puri | dadiya rabining | punggawa tan patut ||

40. Nadyan garwaning para narpati | nora na mangkono | nèng sawarga iku pantês (ng)gonne | Ni Aklimah iyeram ningali | cahyaning kang prapti | lir wulan mabangun ||

--- 2 : 245 ---

41. Sunaring wadana angglipati | prabane mancorong | tuhu ratuning èstringrat kabèh | ratu-ratuning ayu sabumi | Aklimah nulya glis | nêmbah ngaras suku ||

42. Nanging ingkang sinêmbah tan apti | sang rêtna lingnya lon | apan sarwi anganthi astane | babo aja anêmbah ing kami | pan sirèku uwis | pinadha lan ingsun ||

43. Sinucèkkên jênênging pawèstri | miji sing Hyang Manon | Jêng rama wus amuji yêktine | marang sira minulya nèng bumi | miwah aningali | bawanta lan ingsun ||

44. Nyai Aklimah umatur aris | adhuh gustiningong | punapa kang kinarsakkên anggèr | anêdhaki ing dasih kaswasih | sasat ingkang abdi | kabanjiran madu ||

45. Kagunturan ingkang wukir sari | kilang hèrnawa rob | Dèwi Patimah alon dêlinge | nora nana sêdyaningsun naming | arsa amangihiamanggihi. | lan sira satuhu ||

46. Payo mulih mring wismanirèki | sun arsa wruh ing jro | nulya kinanthi sarêng lampahe | lênggah panti Aklimah yun mungging | sor nanging tan kêni | pinêksa nèng luhur ||

47. Dèwi Patimah ngandika aris | marmane wakingong | praptèng kene sayêkti yun ngêmpèk | kadang tuwa marang ing sirèki | dènnya praptèng akir | têtêpa sadulur ||

48. (m)Bok Aklimah kagyat miyarsa ngling | (m)barêbêl mêtu loh | dhuh gustiku kang mangkana anggèr | manamparing ing dasih kaswasih | tan sagêt mangsuli | si tariking gambuh ||

150. Gambuh

1. Dangu dènnira lungguh | sang Dyah Ibnu Mustapa andulu | ting carènthèl nèng gêbyog luhurirèki | lir camêthi dhapuripun | samya wêsi kang dènanggo ||

2. Gêdhe cilik pipitu | sêjêmpol sajênthik sapênuduh | ingkang agêng salêngên amung sawiji | sang dyah (ng)garjita ing kalbu | aris dènnira tatakon ||

--- 2 : 246 ---

3. Apa pandhe bojomu | duwe dandanan mangkono iku | ting carènthèl rupane kaya cèmêthi | piranti apa ta iku | Aklimah umatur alon ||

4. (m)Botên pandhe pukulun | punika piranti yèn angukum | mring kawula bilih anglampahi sisip | sang rêtna ngandika arum | iku apa wus kalakon ||

5. Sira kêna ing ukum | matur inggih pitu pisan sampun | tinamakkên mring kawula kang camêthi | inggih saking bodhonipun | kang abdi tan wrin pakewoh ||

6. Akathah lêpatipun | maring laki pramila sring ngukum | amung ingkang salêngên gêngipun gusti | sapisan dèrèng pukulun | tumiba ing angganingong ||

7. Kados gadhangan lamun | ingkang abdi dosa gêng puniku | kang kinarya Dèwi Patimah duk myarsi | mangkirig tyase kumêjut | sru tobatira Hyang Manon ||

8. Rumaos lamun durung | mangkana dera bêkti ing kakung | malah sangêt tobat salêbêting galih | Aklimah sigra rinangkul | Siti Patimah mêtu loh ||

9. Dhuh lae kadangingsun | Aklimah donya akeratipun | amung sira bênêr kang padha mêmuji | mangkono sing pratingkahmu | tuhu musthikaning wadon ||

10. Dongakna raganingsun | lilanira manira gya wangsul | lawan paman Ngali sunajake mriki | lamun wus prapta bojomu | apan ingsun arsa wêroh ||

11. Sang rêtna sigra kundur | Aklimah ngatêr jawining pintu | yayah kadya nutakên waspanirèki | sru onêng ing tamunipun | sasolahe maksih katon ||

12. Wau ta ingkang kundur | lêstari ana marga pinêthuk | lan kang paman nungkêmi pada kêkalih | sru minta aksamanipun | matur nutur dènnya panggoh ||

13. Lan Aklimah satuhu | punjulingrat bêktinya mring kakung | ingkang paman mèsêm nahan ta winarni | Aklimah saungkuripun | amung tansah gung wirangrong ||

--- 2 : 247 ---

14. Lawang kinunci sampun | wangsul ing gêdhong malih (ng)gyanipun | yata wau ki juragan lagya prapti | sarowangira gumuruh | kèndêl sajawining banon ||

15. Ki juragan anguwuh | (n)dhodhog kori kagyat duk angrungu | (m)bok Aklimah tan samar swaranirèki | wus anarka lakinipun | gupuh mijil saking ing (ng)gon ||

16. Anyangking toyèng suku | enggal anyorog kori pan sampun | dangu manjing Aklimah nyandhak padèki | winisuhan toyèng suku | wusnya mudhar ukêlnya lon ||

17. Kinèsèdakên suku | duk lumampah ki juragan (n)dulu | tapak lèjèg nèng latar tilas wong kalih | (m)basêngut sru dukanipun | wus pasthi ciptaning batos ||

18. Kalamun rabinipun | tinarka ngiwa ing tindakipun | datan kongsi tatanya kasusu runtik | busana tan kongsi cucul | laju angutu mring kêbon ||

19. Camêthinira sampun | kabèh ginawa Aklimah wêruh | wus anyipta yèn antuk dukaning laki | ki juragan asru muwus | Aklimah sampungkuringong ||sapungkur ingong.

20. Sapa ta dhadhayohmu | baya wong lanang kang luwih bagus | nêmbah matur dhuh gustiku guru mami | Dèwi Patimah kang rawuh | dede wong lanang sayêktos ||

21. Milamba kamipurun | amanggihi mring atmajèng Rasul | inggih amung nyuwun pangaksama gusti | ki juragan asru ngêmpus | têka bisa têmên goroh ||

22. Tan wurung sira kukum | ingsun ajrih yèn ngapura iku | dukaning Hyang ki juragan wusira ngling | rabine sigra sinapu | cèmêthicêmêthi. pitu dènanggo ||

23. Sijine ping sapuluh | dadya pinukul ping pitungpuluh | apan rênyuh sarirane lir rinujit | sasambate tan lyan namung | nêdha apura kemawon ||

24. Ki juragan wus liwung | waringutên ilang trêsnanipun | marang rabi wus tutug dènnira (ng)gitik | nyandhak pukul gêdhe gupuh | mukane sêdya pinupoh ||

--- 2 : 248 ---

25. Muncrat ludiranipun | dadya niba ing siti tan emut | kinèndêlan wau ta dènnira nggitik | kinira rabine lampus | sigra mulih saking kêbon ||

26. Prapta ing wisma sampun | ki juragan minggah kobong turu | yata wau yekang kantaka wus eling | wungunira pungun-pungun | antuk parmane Hyang Manon ||

27. Sadaya tatunipun | ing sarira myang mustakanipun | samya pulih tan ana labêt kang bucik | malah sangsayembuh ayu | cahyane wuwuh mancorong ||

28. Yata Aklimah emut | yèn lakine lagi prapta durung | kongsi bukti sigra dènnya manjing panti | tiningalan maksih mujung | Aklimah sigra mring pawon ||

29. Laju ngratêngi sampun | sêkul ulam myang pangananipun | sinajèkkên nèng jarambah sinasabi | Aklimah gya nyandhak kêbut | nusul minggah anèng kobong ||

30. Alênggah (n)dagannipun | amêtêki pan sarya akêbut | ki juragan samana kagyat anglilir | awas dènnira andulu | pungun-pungun dènnira non ||

31. Tan nyana rabinipun | dene cahyanira wuwuh mancur | aris tanya sapa wonge kang alinggih | ing (n)dagan mêtêki mring sun | Aklimah matur wot sinom ||

151. Sinom

1. Kawula cèthi paduka | pun Aklimah dhuh kiyai | yèn sampun tuwan apura | mring amba kula aturi | wungu dhadhahar nasi | cacaosane pan sampun | ngungun kyai juragan | duk myarsa dukane lilih | mring rabine lan tujunenggal waluya ||

2. Malah wuwuh cahyanira | sumunar tejane kadi | basanta sêdhêng purnama | dènnya ngling wajane kengis | gumêbyar anglir thathit | ki juragan tyase rêmpu | tangi asru lingira | ya sun apura sirèki | nanging aywa amindho laku dursila ||

--- 2 : 249 ---

3. Ature inggih manawa | culika tobat sayêkti | sigra mudhun ki juragan | caosanira binukti | nanging tyasira maksih | ki juragan mangu-mangu | ciptèng tyas (m)buh wong ika | adarbe silip ing laki | eman têmên têka darbe ati ala ||

4. Yèn ta aja mangkonoa | ngupaya pasthi tan olih | luwih bêkti rabiningwang | tuhu yèn ayu linuwih | tinimbang para putri | maksih ayu rabiningsun | sapa wonge kang (m)bedhang | yèn ora sun paekani | pasthi (n)dadra yèn luput ginodhèng jalma ||

5. Dadya ki juragan arsa | lunga dagang api-api | pamit marang rabinira | Aklimah dènbêcik kari | sun arsa dagang malih | pasthi lawas nora mantuk | sira ja lunga-lunga | poma ing sapungkurmami | aturira Aklimah inggih sandika ||

6. Sigra ki juragan mangkat | lawang-lawange kinunci | ngalintêr (n)jawining bata | siyang dalu ngintip-intip | nulya na ingkang prapti | Jabarail pan ingutus | amundhut Ni Aklimah | dening Hyang Kang Maha Sukci | saragane kinèn (ng)gawa marang swarga ||

7. Aklimah asru tangisnya | dene ta lakine maksih | lunga dagang dèrèng prapta | pinaksa dening Ijrail | binêkta mring wiyati | katur pinarnahkên sampun | ing swarga luwih mulya | sinami lan para Nabi | nanging wadon Aklimah tansah karuna ||

8. Pan anêdha lakinira | tinunggilna mring swargadi | Hyang Suksma anuduh sigra | marang Malekat Ijrail | kinèn mundhuta marang | ki juragan nyawanipun | Ngijrail lumaksana | ki juragan kang winarni | pan sadalu jagi anèng (n)jawi bata ||

9. Enjing arsa ngambil andha | tan arsa mêdal ing kori | kasusu onêng ing garwa | mènèk ki juragan manjing | laju lumêbèng panti | (n)jujug (ng)gonning garwanira | tiningalan tan ana | marang gêdhong kulon sêpi | muring-muring tyasira mor langkung maras ||

10. Gêmêd dènnira ngupaya | jro wisma dènbalingkrahi | gêdhonge kabèh binuka | pawon pakiwan asêpi | kabèh dènosak-asik | sajroning cêpuri suwung | ki juragan karuna | sarwi gulung anèng siti | sasambate Aklimah nèng ngêndi sira ||

--- 2 : 250 ---

11. Apa ta lungane ngiwa | marang kang (m)bedhang mu (m)bêngi | labête mêntas sunpala | dene nguni wus prajanji | panjaluke pribadi | yèn luput sun kinèn ngukum | iya wus kalampahan | ping pira-pira sun-gitik | nora dadi tyase mêngko têka cidra ||

12. Lunga nora awawarta | dhuh Aklimah kapok mami | abedhanga wong sadasa | sawêngi ingsun lilani | nora kudu ngong-gitik | mung aweta ingsundulu | marang ing warnanira | yèn sirèwuh lawan mami | lah akunên lêskarira sun narima ||

13. Yata wau kang winarna | malaekat ingkang prapti | ki juragan wus cinandhak | githoke tan bisa osik | mênêng tan bisa nangis | sru tanya sapa wong iku | anyêkêl githokingwang | saure ingsun Ngijrail | dinutèng Hyang amundhut ing jiwanira ||

14. Ki juragan duk miyarsa | gumêtêr langkung dènnya jrih | pan asru dènnya karuna | pan kawula nyuwun alim | inggih gusti yèn kenging | ing benjang yèn wus kapangguh | kalawan rayatkula | kang kesah ing wau ratri | dèrèng kongsi panggih arsa dènpundhuta ||

15. Manira takèn ing wuntat | Ngijrail asru nauri | apa gawemu sasambat | katêmu rabinirèki | dene iya duk maksih | siyasatira kalangkung | tanpa dosa siniksa | lah iya sandhangên mangkin | Sang Hyang Suksma kang malêsna marang sira ||

16. Pan ing mêngko rabinira | wus pinundhut nèng swargadi | luwih dening sèwu mulya | pinadha lan para nabi | dene sirèku benjing | kinarya sèn-isènipun | jroning nraka jahanam | ki juragan wus miyarsi | sru miduwung dènnya milara kang garwa ||

17. Akèh-akèh sambatira | nanging Ngijrail tan kêni | nyawanya tinarik sigra | tinarik saking ing sikil | ki juragan wus mati | luwih sangêt sakitipun | nyawane sinangsaya | samana wus katur maring | ing Hyang Suksma kinèn manjingkên naraka ||

18. Nyawanira ki juragan | pinanjingkên nraka api | langkung sakit kawlasarsa | sakêthi lara wong mati | siyang dalu anangis | sasambat ing rabinipun | ingkang anèng suwarga | Aklimah wus amiyarsi | yèn lakine siniksa anèng naraka ||

--- 2 : 251 ---

19. Saya sru panangisira | sru lumuh anèng swargadi | yèn lakine tan tinunggal | kêdah mèlwa anglakoni | marang naraka gêni | Hyang Suksma sigra angutus | Jabarail ngatêrna | marang (ng)gonning lakinèki | dimèn wêdi miyat umobing naraka ||

20. Wus ingatêrakên marang | satêpining nraka api | Aklimah mulat mring priya | langkung saking kawlasasih | pan kinêpung ing agni | tan wawang Aklimah wau | piyak api naraka | lumayu dahat dènnya jrih | mring Aklimah dene wus kinarya mulya ||

21. Ki juragan nyawanira | wus sayah lêsah nglangkungi | nanging sasambate rosa | Aklimah sigra nungkêmi | sarwi lara anangis | ki juragan sakalemut | kagêpok dening garwa | tatune sadaya pulih | ingkang bangêt sadaya pan sami sirna ||

22. Anjrit dènnira karuna | sru tobatira mring rabi | katur ing Hyang Maha Mulya | wus kinèn angêntas kalih | pinanjingkên swargadi | Aklimah lan lakinipun | Hyang Suksma wus ngapura | marang ki juragan pan wis | kocap lamun èstri mantêp marang priya ||

23. Bisa nyangking mring sawarga | yèn wong lanang nora bangkit | kunêng kojabekojahe. Sèh Akbar | dènnya pitutur mring siwi | Murtasiyah miyarsi | karasèng tyase kapencut | tingkahira Aklimah | ya mantêp bêktinirèki | satêmahe bisa nyangking mring suwarga ||

24. Murtasiyah wus nugraha | graitaning tyas nglabêti | lamun wanodya utama | Sèh Akbar ngandika malih | poma nini dèneling | pira-pira bisa tiru | kaya wadon Aklimah | mung pintêra ngirip-irip | dhasar bakal lakinirèku ngulama ||

25. Akunên guru sayogya | rara madhêpa sawiji | buwanganbuwangên. trêsnamu marang | ingsun lan ibunirèki | mung (ng)gènnira ngladèni | ati-atinên dènemut | aja sira rumangsa | (n)duwèni karkat pribadi | pan sakèhe danakna ingkang sakira ||

--- 2 : 252 ---

152. Asmaradana

1. Tutug dènnira amardi | mring putra tataning krama | dalu bubaran kaliye | têkan wawangkiting dina | paningkahing pangantyan | bawahannya langkung-langkung | guyub ingkang nambutkarya ||

2. Tan ana kang nguciwani | lêstari amangun suka | dupi paragating gawe | Sèh Ngarip sinungan prênah | ing kidul Wanasêkar | dhudhukuh arja kalangkung | tulus (ng)gènne palakrama ||

3. Minta uning marang laki | wit ningkahan têkèng babar | wus winisik saderahe | Sèh Ngarip dhasar waskitha | alim sakèhing kitab | tinutur sadayanipun | sang dyah saya sungkêmira ||

4. Cipta laki donya ngakir | Murtasiyah wus awawrat | têkèng mangsa mêtu wadon | kalangkung endahing warna | cahya suksmèngnuksmèng. sasangka | ramebu suka kalangkung | dahat sukur ing Pangeran ||

5. Sinung ran Siti Warsiki | lagya umur sangang wulan | sinapih ing panêsêpe | kacrita sawiji dina | Sèh Ngarip lagya nadhah | Murtasiyah sandhing lungguh | lawan amangku kang putra ||

6. Mulat pandomepandame. mèh mati | gragap Dara Murtasiyah | pinriksa sumbune êntèk | kalangkung kewran ing nala | tambuh ing solahira | sangêt gumêtêr ing kalbu | guguping tyas ngambil rema ||

7. Mung saêlêr gya kinardi | sumbuning pandam gumêbyar | sang Sèh Ngarib dupi anon | kagyat ing tyas sêmu duka | apa ta mulanira | uruping pandam sumunu | suwene surêm mèh pêjah ||

8. Murtasiyah turira ris | sangêt gugup ingkang manah | de dhasar têlas sumbune | upami kawula tilar | ngambil sumbu gya pêjah | dadya ngambil rambut ulun | kinarya sumbuning pandam ||

9. Bramantya sêrêng Sèh Ngarib | kèndêl dènnira anadhah | sugal asruingasru ing. wuwuse | bêcik têmên solahira | bisamu aprasêcaaprasêtya. | bojo ngawal akiripun | MurtaisiyahMurtasiyah. durung pirsa ||

--- 2 : 253 ---

10. Wani amikan ing laki | sira kêna ukum lara | tan paparah sira kênès | wani-wani ngambil rema | sarandune wakira | sirèku sadarma (ng)gadhuh | kabèh kagunganing priya ||

11. Sira lungaa saiki | tan sotah sun sasandhingan | lan wong duraka lir kowe | matur rara Murtasiyah | mlasasih rawat waspa | tan rinungu saya bêndu | druhaka ywa katon mata ||

12. Kakeyan cariwis lamis | tinggalên atmajanira | Warsiki cinandhak age | uwal saking pangkon rena | Murtasiyah pinala | linarak binêkta mêtu | tan kêndhat dènnya milara ||

13. Sambat-sambat minta lalis | saya sru dènnya milara | jinunjung binanting age | sang ayu banjur kantaka | Sèh Ngarib malbèng wisma | lawange nulya tinutup | nahên wau kang kantaka ||

14. Gilang-gilang anèng siti | kasiliring samirana | wus lingsir wêngi wayahe | tibaning (m)bun tirtamarta | tungtum bayuning ngangga | èngêting tyas dahat sukur | takdire sariranira ||

15. Wus wungu sang dyah ngalilir | pangetangira ing nala | yèn ingsun lungaa (m)bolos | paran wêkase wakingwang | dadya pawèstri pajal | tangèh manggiha rahayu | tan wurung kasurang-surang ||

16. Sinêbut pawèstri lanji | umpama ingsunmopowaingsun mopoa. | nora kêlar siyasate | sang dyah kewuhan ing driya | ing wayah bêdhug tiga | dadya tyasira anglalu | kesah sarêng wayah pajar ||

17. Lampahe mandhêg anolih | kèmutan atmajanira | tansah kumêmbêng waspane | kaya baliya sakala | anangis ing wardaya | adhuh nini putraningsun | sira tan aduwe biyang ||

18. Aja sira sok anangis | sapa kang momong ing sira | awirandhungan lampahe | samarga arawat waspa | ing wayah lingsir wetan | lampahira dèrèng rawuh | ing dhukuhe ingkang rama ||

19. Sèh Akbar sampun udani | ilham saking kalbunira | yèn badhe prapta putrane | marga dinukan ing priya | apurik tilar wisma | gya prentah mring garwanipun | rubiyah sira dènenggal ||

20. Inêbên lawang kang (n)jawi | sira kancingana pisan | yèn anakira marene | aja sirawèhi lawang | iku durakèng priya | yèn sira mèlu

--- 2 : 254 ---

tutulung | olèh durakèng Pangeran ||

21. Yèn sira dènjajaluki | sabarang ingkang tinêdha | poma sira aja awèh | pacuhan sira awèha | rabine anggarjita | mituhu wêlinging kakung | kori sampun tinêtêgan ||

22. Murtasiyah nulya prapti | kandhêg sajawining lawang | anguwuh marang ibune | kawula anuwun lawang | sumaur ibunira | saking sajêroning pintu | èh rara age baliya ||

23. Aja sira njaluk kori | dinukan ing ramanira | ingsun ajrih pêpacuhe | sira winastan duraka | marang ing ramanira | duraka marang lakimu | ramanta tan arsa mulat ||

24. Dara MutasiyahMurtasiyah. nangis | amlasasih anèng lawang | ibune nangis anèng jro | dhuh nini aja karuna | ingsun tan bisa mirsa | dhuh ibu anyuwun banyu | sun gawene sangu kesah ||

25. Ibune ngadhuh nauri | wuwuse awor karuna | adhuh nini putraningong | ingsun ajrih ramanira | Murtasiyah turira | ibu kawula mit lampus | dènagung apurandika ||

26. Lawan sêmbah bêkti mami | aturna mring kangjêng rama | (ng)gih pangapurane bae | mugi kawula angsala | apuraning Pangeran | ibune tan bisa muwus | ni Murtasiyah wus kesah ||

27. Manjing ing wana gung wêrit | tan ana dirgama ketang | sang dyah angèsthi patine | dene angsal dukaning Hyang | lawan dukaning priya | marma ragane winasuh | angsala apuraning Hyang ||

28. Lawan apuraning laki | kang piniji maring Allah | anèng têngah wana gêdhe | buron galak kabarasat | samya ajrih tumingal | gègèr sumingkir kêplayu | angungsi ing parangpèrèng. jurang ||

29. Sakathahing buron alit | tumingal samya kacaryan | gumrudug angiringake | banthèng maesa nèng ngarsa | kadya ambabat marga | warata mara bêludhus | kapungkur tinubruk macan ||

30. Kawingking ing Wanasari | anjog wana tarataban | pêtêng tur akèh bondhète | ri wana lawan ri tanjang | ri bandhil anèng marga | anggubêl ingkang lumaku | sinjang ajur lir ginubah ||

--- 2 : 255 ---

31. Samêkan pating saluwir | warata ingkang sarira | balur-balur karêrèndhèt | kacanthol ing parang dênta | pring jawa angêlakah | pring ori têpung sumambung | wulung ampèl anjêlanah ||

32. Kumrisik kang wuluh gadhing | kasiliring samirana | [...] |Kurang satu baris: 8e. sangsaya kalunta-lunta | sira ni Murtasiyah | ciptaning manah anglampus | tan ana ingkang sinêdya ||

33. Liyêbliyêp. lênguk ing jro ngati | jisimira tan ginita | mung amandêng Pangerane | mugi angsala apura | mring priya lan kang rama | wus lawas anèng wanagung | sisinome Wanasêkar ||

153. Sinom

1. Kalangkung kawêlasarsa | ngambah jurang ngiring-iring | parang pèpèrèngpêpèrèng. sasêngkan | tan nadhah minum guling |Kurang satu suku kata: tan nadhah minum aguling. sarira kuru aking | marlêsu cahya umancur | nèng sela sumayana | samadyaning wana wingit | kaayoman witing karoya ngrêmbaka ||

2. Waktu luhur arsa salat | nanging datan ana warih | miwah rukuh datan (m)bêkta | tandya ngêningkên pangèsthi | munajat ing Hyang Widdhi | asta kakalih jinunjung | matur ing Hyang Wisesa | Ilahi ngalamun ngalim | ya ihdina tuwan ingkang Maha Mulya ||

3. Winênang jagat wiryawan | mugi aparinga warih | dongane wus katarima | Allah Tangala maringi | anèng ngarsanirèki | we wêning lan maligyegung | gya ngambil toya kadas | osiking tyas langkung wingit | paran baya sun karya tapih sumêkan ||

4. Sakujur wus tabêt turas | putrèngngongputrèngong. nini Warsiki | kêthêr najis lan tabêt rah | Allah Tangala udani | utusan Jabarail | maringkên parabot luhung | mring wadon Murtasiyah | kang satuhu bêkti laki | tuwan kinèn angusap wadananira ||

5. Jabarail wus apanggya | (n)dhawuhkên timbalan Widdhi | Murtasiyah tampanana | paringing Hyang Mahasukci | anggonên angabêkti | wus tinampan gya rinasuk | anulya waktu salat | Jabrail misih ngêntèni | bakda salat Jabrail ngusap wadana ||

--- 2 : 256 ---

6. Wimbuh endah kang suwarna | sajagat tan na tumandhing | Jabrail aris ngandika | rêngên ta èh sira nini | timbalane Hyang Widdhi | sira mantuka dèn-gupuh | bali mring lakinira | atas timbalan Hyang Widdhi | Jabarail wangsul ing Kalaratolah ||

7. Murtasiyah gya umentar | saking têngahing wanadri | datan kawarna ing marga | (n)jujug wismaning sudarmi | Sèh Akbar lawan rabi | nuju nèng surambi lungguh | dhatêngan matur nêmbah | nyuwun wikan ingkang abdi | ki Sèh NgarihNgarib. pundi prênahe kang dhêkah ||

8. Sèh Akbar alon wuwusnya | nini sira wong ing êndi | ayu anom warnanira | atêtakon ki Sèh Ngarib | apa karsanirèki | Dara Murtasiyah matur | kula apan winêkas | marang Murtasiyah nguni | wêlingipun kinèn nyuwunkên ngapura ||

9. Ibune sarêng miyarsa | kumêpyur waspane mijil | mêngko nini suntatanya | Murtasiyah nèng ngêndi |Kurang satu suku kata: Murtasiyah anèng ngêndi. mangkana anauri | wontên satêngah wanagung | tambuh ingkang sinêdya | amung panêdhane nguni | apuranên dosane munggèng Pangeran ||

10. Sèh Akbar alon ngandika | sira nini suntuturi | dhukuhe Sèh Ngarib iya | kidulwetan saking ngriki | Murtasiyah gya pamit | lajêng wau lampahipun | tan kawarna ing marga | prapta dhukuhe Sèh Ngarib | dumarojog anulya lumêbèng lawang ||

11. Sèh Ngarib kapanggih lênggah | anèng surambi angaji | Kur'an dhasare pasêkat | swarane arum amanis | ni Murtasiyah singgih | lumanpahlumampah. sarwi tumungkul | kagagas ing wardaya | polahe kala ing nguni | sarwi angling alon wijiling wacana ||

12. Lah tuwan mangke kèndêla | sakêdhap (ng)gènnira ngaji | amba kalilana tanya | pundi dhukuhe Sèh Ngarib | Sèh Ngarib angling aris | inggih ngriki dhukuhipun | Sèh Ngarib inggih kula | punapa ta wontên kardi | Murtasiyah matur kawula winêkas ||

13. Dening Dara Murtasiyah | katura (n)dika kiyai | wêlinge nyuwun apura | lawan tuwan akên dasih | donya dèntêkèng akir | panuwune dipun lulus | Sèh Ngarib angandika | inggih-inggih yayi inggih | Murtasiyah mèsêm ing wardayanira ||

--- 2 : 257 ---

14. Sèh Ngarib ing sêmunira | kacaryan ing dhayohnèki | alon dènnira ngandika | arum swarane amanis | karsa-amba puniki | kang dadya gagêntènipun | (n)dawêg nuli aningkah | ni Murtasiyah nauri | ki Sèh Ngarib lah punapa karsa (n)dika ||

15. Angucap kadya punika | dhumatêng ing awakmami | pan dene randha wulanjar | somah datan darbe laki | lan malih takèn nguni | apa ta karsane iku | si Murtasiyah kesah | dhatêng ing wana gêng wêrit | (n)dika tundhung anglampahi kawlasarsa ||

16. Sèh Ngarib alon angucap | manira tuturi yêkti | mangke dhatêng pakênira | tatkala amba ambukti | rabi ulun ing nguni | amangku atmajanipun | nini Warsiki ika | angadhêp (ng)gènkula bukti | nèng ajogan apan sarwi ngulah pandam ||

17. Badhe pêjah ingkang dilah | margi têlas sumbunèki | gugup ing tyas rabikula | ngambil remane pribadi | tigang êlêr kinardi | sumbuning dilah puniku | mila ngong nuli duka | dene tan warah ing mami | (ng)gih punika purwane kula kèn kesah ||

18. Murtasiyah wuwusira | yèn makatêna puniki | kang dadya margining duka | dhatêng rabinta rumiyin | ingkang maksih ngabêkti | dhatêng paduka satuhu | inggih tuwan tantuna | amba kalilana pamit | kantun arja kawula ayun mantuka ||

19. Sèh Ngarib alon lingira | sampun (n)dika age mulih | angêntosana dhaharan | Sèh Ngarib angambil gêni | tan dangu nulya prapti | dinadèkkên sarta tunggu | andamoni sapisan | Sèh Ngarib ing gêninèki | aningali ing tamunira sapisan ||

20. Mangkana pratingkahira | andamoni kaping kalih | mulat maring tamunira | Sèh Ngarib inggih ping kalih | sadangune kadyèki | gênine tan kongsi murub | mèsêm Ni Murtasiyah | ningali solahing laki | Murtasiyah kadaut raosing nala ||

21. Sang rêtna kalangkung wêlas | anggêntèni dadèn gêni | yata Ki Sèh Ngarib sigra | anyigari kayunèki | kaya mangkana malih | dènnira anyigar kayu | iya kadya duk bêthak | tan kobêr nyigar wrêksèki | pijêr (n)dongong aningali tamunira ||

--- 2 : 258 ---

22. Sèh Ngarib lir kênèng guna | umiyat ing tamunèki | tambuh-tambuh solahira | sang rêtna mèsêm ing galih | dènnira aningali | solahe lakinirèku | Ni Dara alon ngucap | yèn kaparêng ing panggalih | amba arsa anggêntosi karya tuwan ||

23. Kula kyai lilanana | arsa gumanti ngratêngi | ki Sèh Ngarib saurira | inggih-inggih yayi inggih | wus matêng sadayèki | kêndhi dènisèni sampun | sinajèkkên ing ngarsa | Sèh Ngarib amuwus aris | nêdha yayi dhadhaharan lawan kula ||

24. Murtasiyah aturira | andika dhahar rumiyin | kawula ngantos lorodan | Sèh Ngarib anulya bukti | angucap jroning ati | rasane sasaji iku | sêkul kalawan ulam | padha lan rasane dhingin | pêcak tangan kaya Dara Murtasiyah ||

25. Sèh Ngarib (ng)garjitèng driya | baya iki rabimami | yèn dulu tatamunira | warnane têka rêspati | ngluwihi duk ing nguni | sarta lan panganggonipun | kaya dudu wong donya | iribe lir rabimami | kaya patut dadiya kanthi manira ||

154. Kinanthi

1. Datan sakeca tyasipun | Sèh Ngarib tatanya aris | mring tatamune kang prapta | sintên kang sinambat ing sih | sumaur kang tinakènan | Murtasiyah aranmami ||

2. Sèh Ngarib alon amuwus | arandika niku adhi | sama lan bakayunira | rabikawula rumiyin | sun badhe mangsa dedeya | Sèh Ngarib marpêki aris ||

3. Manira takèn satuhu | awêcaa dènsajati | sapa ranne sutanira | Murtasiyah anauri | kakasihe suta amba | inggih pun rara Warsiki ||

4. Sèh Ngarib mèsêm lingnya rum | wastane sutanirèki | sami lan anak-kawula | yèn makatêna nakmami | ywa tanggung sira pupuwa | kang putra awas ningali ||

5. Ni Rara Warsiki gupuh | marani sarwi anangis | sigra Dara Murtasiyah | kang putra sinambut aglis | dèn êlungi payudara | Sèh Ngarib awas ningali ||

--- 2 : 259 ---

6. Nging maksih mêlang tyasipun | mèsêm angandika aris | sintên wastane ramanta | miwah renanira yayi | Murtasiyah aturira | inggih rama ibu mami ||

7. Sèh Akbar kêkasihipun | de wastane ibu mami | kusuma rêtna Supiyah | Sèh Ngarib amuwus manis | iya yèn mangkene nyata | sira iku rabimami ||

8. Sèh Ngarib malih amuwus | apa karanane yayi | sira salin warnanira | beda lawan duk rumiyin | mêngko wimbuh ayu endah | lan wong akèh angluwihi ||

9. Kaya dudu wong donyèku | panganggonira mas kwari | Murtasiyah aturira | ya pangeran gurumami | ing donya praptèng dêlahan | tulusa mêngku kang abdi ||

10. Rumiyin andika bêndu | anundhung dhatêng kang abdi | kawula kesah mring wana | nèng wana nêdya ngabêkti | ngupados toya tan angsal | amba nunuwun ing Widdhi ||

11. Istijab pandongaulun | tinarimah ing Hyang Widdhi | yata na malige prapta | cumawis nèng ngarsamami | sarta lan toyane pisan | dutaning Hyang Jabarail ||

12. Dhawuh salaming Hyang Agung | aparing wastra mring mami | saking swarga adi mulya | sampuning bakda ngabêkti | Jabrail ngusap wadana | lawan êlare sasisih ||

13. Punika wiwitanipun | salin warnamba kiyai | Sèh Ngarib alon ngandika | iya kang kaya sirèki | kang sinung rahmating Suksma | pindha Rasullulah yayi ||

14. Sinung nugraha satuhu | sawabe Patimah yayi | suwarga kang adi mulya | pangaksamaning Hyang Widdhi | sapa kang bêkti ing priya | tan beda samining ngèstri ||

15. Rara Murtasiyah iku | antuk rahmating Hyang Widdhi | kapindho Patimah johar | lawan manggih sawargadi | Sèh Ngarib nulya utusan | rama ibu dènaturi ||

16. Wus prapta panggya kang sunu | langkung gawoking panggalih | de ta manggya kaelokan | suka sukur ing Hyang Widdhi | ramebu samya (n)dêdonga | lêstarinipun kang siwi ||

--- 2 : 260 ---

17. Wus têlas caritanipun | Dara Murtasiyah sukci | sagunging kang amiyarsa | samya awawanan angling | ngene-ngono yèn wanodya | yèn wis winêngku ing laki ||

18. Nora ngimpi angrêmpêlu | duwe cipta liyan janmi | iku antêping wanita | wong lanang satuhunèki | dak-nang anggêp sumangkeyan | ciptane tan muhung siji ||

19. Wong lagi bae tas anu | basan loro dadi siji | kaya diuntal-untala | basa mêtu saking panti | tan na elinge samêndhang | kana-kana kang pinikir ||

20. Rewange mangsuli wuwus | adhi iya warni-warni | ywa kagêbyah kaya uyah | botên-botên bakyu mêsthi | trêsna yèn lagi kêkêpan | irunge tumèmpèl pipi ||

21. Mangga karaosa bakyu | criyosipun Kasanah-i | nganti jumênêng narendra | tan lami mantêp ing laki | Ki Suhul-e lajêng eklas | tan na priksa tan na titi ||

22. Sèh Akbar cariyosipun | kang mangka têpa palupi | nyatakkên tyase wanita | duk jaman Suleman Nabi | supaya namung sakala | wasana tambah gunging sih ||

23. Wadon Aklimah pinunjul | bojone juragan bêngkring | tuwa ala lara mata | kêrênge kêpati-pati | pinala tumêkèng pêjah | sarêng wontên ing swargadi ||

24. Garwane juragan bêngkrung | pêjah winisesèng Widdhi | griya ing nraka jahanam | ngaru-ara rina wêngi | dupi Aklimah miyarsa | tinarik marang swargadi ||

25. Dara Murtasiyah wau | dosane amung sathithik | pinala mèh praptèng lena | tinudhung cinêri-cêri | wontên paran botên ginggang | dènnya sumungkêming laki ||

26. Adhi ya bênêr kandhamu | suka sênêng pra tamèstri | jênêg dènnya jajagongan | arak inggih uwa rati§ Prayoginipun / uwa nyai /. | wong lanang anggalap mênang | botên pothok kados èstri ||

27. Nyi Atikah lingira rum | aku takcarita maning | mêngko padha

--- 2 : 261 ---

rasakêna | mungguh ananing pawèstri | muhung minangka timbangan | critaku kang uwis-uwis ||

28. Carita kala rumuhun | ana kawulaning Widdhi | mardika tur sugih arta | anulya bêkti ing Widdhi | jro kitha Mêsir wismanya | aran Ngabdullah Johari ||

29. Kautamanira mashur | sajroning nagara Mêsir | mangkana sawiji dina | sira Ngabdullah Johari | alungguh lan rabinira | sinawang-sawang kang warni ||

30. Amulat wadana muwus | dhuh rubiyah ingsun iki | asih têmên marang sira | pangrasane atimami | lumahing bumi kalawan | soring langit tan na malih ||

31. Kang dadi têlênging kalbu | kumpuling paningal-mami | wus mondhok anèng ing sira | rabine sumaur aris | kula (ng)gih botên prabeda | kados panjênêngan ugi ||

32. Datan kapengin wong bagus | botên melik janma sugih | mung (n)dika dununging cipta | ing awal praptaning akir | tulusa angèstupada | tan adarbe cipta malih ||

33. Dèn-tumêka ajur luluh | mung (n)dika panutan-mami | lah (n)dawêg sami prasêtya | dadosa antêping budi | kalamun kawula pêjah | (n)dika sampun rabi malih ||

34. Dene yèn andika lampus | kula botên laki-laki | sampun ngantos ginarayang | mring wong lanang malih-malih | ngamungna (n)dika piyambak | kang darbe sarira mami ||

35. Ing donya akeratipun | angling Ngabdullah Johari | yèn kaya mangkono iya | nuli padha aprajanji | sinêksèn para ngulama | misuwur wong sanagari ||

36. Prasêtyanira kalangkung | ni (m)bok Ngabdullah Johari | tur bêkti asih ing priya | ulah bawane lêstari | mangkana èstrinya pêjah | lanangnya kadi wong baring ||

37. Saking sangêt wuyungipun | udhêngnya dipun suwiri | kulambi lan sinjangira | ting sarêmpal dènsuwèki | tur sarwi lara karuna | dènlayat wong sanagari ||

--- 2 : 262 ---

38. Nulya ginawa mring kubur | wus pinêtak padha mulih | sakèh ingkang padha mêtak | nanging Ngabdullah Johari | angèri nèng pakuburan | tunggu kubure kang èstri ||

39. Sakêdhap Ngabdullah mantuk | mring wismanira ing§ Prayoginipun / kang /. rabi | ing paturone tan ana | saya susahe kang ati | alungguh ing wismanira | bali mring kuburan malih ||

40. Sirahe pinopok ngêndhut | sarwi (n)jêlèh asru nangis | solahe kaya wong edan | lali mangan lan ngabêkti | mung rabine kang dènucap | cinêluk dènajak mulih ||

41. Dadya umum amisuwur | yèn ki Ngabdullah Johari | kalindhih akale buyar | sapatine ingkang èstri | sanak-sanakira wêlas | padha ngupaya jajampi ||

42. Miwah maring dhukun-dhukun | cinêkêl ginawa mulih | sinilêmakên ing toya | ana kang (ng)gitik pênjalin | kèh warnane japamantra | tan ana kang amarasi ||

43. Tita akaling dhêdhukun | samya sèlèh tan kadugi | ki Ngabdullah kinunjara | laminira nênêm sasi | kami-wêlasên kang mulat | ki Ngabdullah dènuculi ||

44. Saking kunjara duk mêtu | manjing wismanira ngambil | klasa satunggal binêdhah | ing têngah dipun lêboni | sirah kaya nganggo kayat | maring pakuburan malih ||

45. Praptane banjur alungguh | anèng kubure kang èstri | manggrok nora lunga-lunga | yèn dalu ajêrat-jêrit | pira lawase amoyang | sira Ngabdullah Johari ||

46. Kongsi (n)dungkap tigang taun | sawiji dina nujoni | sirah pinopok ing lêmah | banjur tuturon ing siti | malumah angathang-athang | matur ing Hyang Mahasukci ||

47. E Pangeran ingkang Agung | kang mulyakakên ing Nabi | Muhammad ingkang Mustapa | tuwan icalna tumuli | susahipun manahamba | ya Pangeran ingkang gaib ||

--- 2 : 263 ---

48. Nulya na swara karungu | mring ki Ngabdullah Johari | aglis junjung sirahira | ningali wong tuwa siji | anganggo kang sarwa pêthak | ki Ngabdullah atut wuri ||

49. Ing saparane wong iku | ki Ngabdullah matur aris | dêmi Allah kang asuka | nugrahaning martabati | lah sintên ta asma tuwan | kang tinanya ngandika ris ||

50. Nabi Ngisa jênêngingsun | kumêpyuring tyas Johari | rumangsa pitulunging Dad | kang nulya umatur malih | ya Nabiyolah pratela | Pangeran kang Mahasukci ||

51. Kang akon mring tuwan têmu | lan kawula anuruti | ing sakajating kawula | Nabiyolah Ngisa angling | lah ta apa kajatira | matur Ngabdullah Johari ||

52. Punika ingkang kinubur | rabikawula ngêmasi | kawula tan bisa pisah | tuwan têdhakna Hyang Widdhi | mugi ta rabikawula | dipun gêsangêna malih ||

53. Lan taksiya warni ayu | Nabiyolah ngandika ris | èh Ngabdullah wus muliya | mangana minuma sarwi | sêdhêkaha mumuleya | ngurmatana pêkir miskin ||

54. Krana sira iku luput | tingkah mring rabimu ugi | sukêr ati palacidra | lalèn tur amaro ati | samangsa iku uripa | kiyanat gawe bilai ||

55. Mulane ingsun tan ayun | dongakna (n)jaluk ing Widdhi | mêndhêg matur ki Ngabdullah | amba anênuwun ugi | inggih mangsa makatêna | rabikawula wus janji ||

56. Donya praptèng akiripun | tan kumêdhap darbe laki | dhumatêng badankawula | mangsa sagêta ngoncati | prasêtyanipun akathah | tuwan têdhakêna urip ||

57. Tanpa damêl tuwan rawuh | datan anglêgakkên ati | asangêt atur kawula | tuwin§ Prayoginipun / tuwan /. têdhakna tumuli | mring Pangeran ingkang Mulya | kang sipat rahman (n)jurungi ||

58. Nabiyolah Ngisa manggut | andodonga ing Hyang Widdhi |

--- 2 : 264 ---

sakala Jabrail prapta | (ng)gawa timbalane Widdhi | èh Nabiyolah têdhakna | Ngabdullah dhatêng Hyang Widdhi ||

59. Sampun tuwan purun-purun | ngandhêg kajate wong miskin | Nabiyolah andêdonga | takdirulah amarêngi | pan malêkah kuburira | ni (m)bok Ngabdullah Johari ||

60. MêluMêtu. saking jroning kubur | dupi ki Ngabdullah uning | kalamun rabine gêsang | mêtu saking kubur linggih | nanging warna malih ala | Ngabdullah matur ing Nabi ||

61. Ya Nabiyolah puniku | dede rabi kula dhingin | warnane kalangkung endah | ayu manis mêrakati | puniku rupane ala | nyarungus rambut barindhil ||

62. Nabi Ngisa ngandika rum | iya rabinira iki | mulane rupane ala | bangêt prihatining ati | ngarsakakênngrasakakên. pancabaya | ing kubur awarni-warni ||

63. Ngabdullah Johari matur | tuwan suwunna ing Widdhi | mantuka warnane kuna | Nabi Ngisa anuruti | tumênga (n)donga ing Suksma | nulya warna ayu malih ||

64. Sawuse malih warnanya | wadon Ngabdullah Johari | sampun musna Nabi Ngisa | mangkana Ngabdullah laki | (m)bojakrama rabinira | kinudang lawan liniling ||

65. Dhuh bandaraku wong ayu | kang ngilangakên prihatin | lawase sira nèng kerat | baya dinus guna-dhêsthi | dening kang para malekat | mundhak antêng (n)jatmikani ||

66. Kathah wêtuning pangungrum | rabine tan anauri | kaku atine Ngabdullah | (n)dodonga katur ing Widdhi | tumênga ing awang-awang | jlêg rawuh Nabi Ngisa ris ||

67. Ngabdullah Johari matur | dhuh kadipundi (n)Jêng Nabi | rabikula tan kumêcap | tuwan dongakna ing Widdhi | inggih sagêta micara | kadi uripe ing nguni ||

68. Jêng Nabi ngandikanipun | rabimu uga wus mati | sira kariya papanggya | kadya anggane wong ngimpi | têka sira paripêksa | kadya uripe kang dhingin ||

69. Ngabdullah tumêngèng luhur | anjêlèh matur ing Widdhi |

--- 2 : 265 ---

Hyang Suksma Kang Sipat Rahman | jlêg tumurun Jabarail | matur maring Nabi Ngisa | ya Nabining Hyang sayêkti ||

70. Ya ta Ngabdullah gya matur | mring Malekat Jabarail | minta gêsanging rabinya | supados bisaa angling | angandika Nabi Ngisa | èh kisanak Jabarail ||

71. Pintên karine kang umur | pun Ngabdullah lanang mangkin | Jabarail aturira | kawula (m)botên udani | malih Nabi angandika | yèn makatên (n)dika bali ||

72. Matura Hyang Maha Agung | gya mentar ki Jabarail | wus praptèng Kalaratulah | pangandikane Hyang Widdhi | umure wau Ngabdullah | nênggih kantun sèkêt warsi ||

73. Malekat Jabrail wangsul | panggih lawan Kangjêng Nabi | ngaturakên umurira | ki Ngabdullah ingkang kari | sampun Nabiyolah amba | matur Kalaratulahi ||

74. Amung kantun sèkêt taun | umure Ngabdullah mangkin | tuwan tari lamun suka | angsung umure sapalih | dèntari Ngabdullah lila | asung umure sapalih ||

75. Malih Jabarail matur | ya Nabiyolah puniki | isimulah tuwan waca | kalimah pipitu amrih | tuwan kawasa amulat | ing kodratulah kang gaib ||

76. Mangka Nabi Ngisa gupuh | andodonga maca isim | -mulah kang pitung kalimah | saking mujijating Nabi | Ngisa Roholah kalawan | bêrkating ngisimulahi ||

77. Nulya (m)bok Ngabdullah matur | atur salam mring (n)Jêng Nabi | sawusira sinauran | Nabi lajêng mituturi | eling-eling (m)bok Ngabdullah | aja kiyanat ing laki ||

78. Lan aja cidra ing kakung | dènsêtya tuhu ing laki | dèngêdhe tarimanira | mring lakinira dènwêdi | wong palacidra ing priya | papa naraka pinanggih ||

79. (m)Bok Ngabdullah aturipun | ya Nabiyulah kang mugi | angsala sapangat tuwan | (m)botên pisan-pisan kami | sêdya acidra ing priya | punapa wawalêsmami ||

--- 2 : 266 ---

80. Sinungan sapalih umur | tur agêng sihe kapati | dhumatêng awak-kawula | laki-kawula nuhoni | jangjine sabaya-pêjah | paran sagêda§ Prayoginipun / sagêda / [sama dengan kata yang ditunjuk]. gumingsir ||

81. Nabiyulah ngandika rum | èh ki Ngabdullah Johari | wis ajakên rabinira | mulih ngomahira nuli | lawan ingsun amêmêkas | mring sira poma dèneling ||

82. Bilainira ing pungkur | dadalan rabimu iki | yèn sira aduwe kajat | arêp katêmu lan mami | aja tinggal marganira | kang uwis kalakon dhingin ||

83. Gaib Nabi musna sampun | Ngabdullah kari jalwèstri | nulya mangkat maring wisma | sajroning nagara Mêsir | lumaku alon nèng marga | bungah manahe tan sipi ||

84. Dupi lakune mèh tutug | lawang watêsing nagari | angucap Ngabdullah lanang | rubiyah rèrèna dhingin | ingsun anjupuk makênamukêna (dan di tempat lain). | lawan kukudhung wastradi ||

85. Karana iki malêbu | ing praja kèh wong udani | mring sira nora makêna | pasthi akèh kang ngèsêmi | ingsun ingkang kawirangan | pae dhingin ingsun yayi ||

86. Kala pisah lan sirèku | polahku kaya wong baring | mêngko mulih kajatmikan | rèrèna ing kene dhingin | ingsun anjupuk makêna | ki Ngabdullah nulya mulih ||

87. Maratuwane katêmu | anulya dipun tututi | èh rama putra-andika | ing mangke pan sampun urip | maratuwane angucap | sira iki andalêming ||

88. Ngêndi ana wong wis lampus | têlung taun bisa urip | ki Ngabdullah asru ngucap | ing mangke (n)dika tingali | kawula nêdha makêna | lawan kukudhung dènaglis ||

89. Kawula ajake mantuk | anulya dipun ulungi | Ki Ngabdullah nulya kesah | age-age banjur mampir | atutuku papanganan | dêdoyanane kang èstri ||

90. Sawusira atêtuku | marang (n)gènnira kang èstri | kapanggih Ngabdullah ngucap | yayi sun wus tigang warsi | tan wruh rasaning [rasa...]

--- 2 : 267 ---

[...ning] panganan | lah payo sarêng ambukti ||

91. Dènatag nganggo kukudhung | lan makênanira nuli | lumaku alon-alonan | kawêngèn anèng ing margi | wimbuh sukaning wardaya | sapraptanira ing kori ||

92. Katêmu minêb kang pintu | alèrèn pinggiring kori | angucap Ngabdullah lanang | sun iki kaliwat arip | lawase pisah lan sira | durung wruh rasaning guling ||

93. Lah pangkunên sirahingsun | sadhela ingsun aguling | gya pinangku sirahira | Ngabdullah marang kang èstri | lajêng kapati anendra | kadya mas kalêbèng warih ||

155. Maskumambang

1. Malah kongsi karainan maksih guling | kasorotan surya | cahyanira anêlahi | sênênning agama mulya ||

2. Kawarnaa sri naranata ing Mêsir | miyos acangkrama | praptèng lawang aningali | marang Johari Ngabdullah ||

3. Pan aturu sirahe pinangku èstri | warnanira endah | kagiwang sang natèng Mêsir | aningali (m)bok Ngabdullah ||

4. Angandika aris sang raja ing Mêsir | èh sira wong apa | anèng kene dene sarwi | mangku sirahe wong edan ||

5. Dene eman warnanira ayu luwih | lulut ing wong edan | pantês dadya garwamami | tur sira mukti wibawa ||

6. (m)Bok Ngabdullah kumênyut mulat sang aji | dening bagusira | sarta pangandika manis | umatur wadon Ngabdullah ||

7. Tuwan sintên angandika raja mêsir | iya ingsun raja | ing Mêsir ingkang ngratoni | matur malih (m)bok Ngabdullah ||

8. Yèn makatên tuwan ingkang angratoni | mring awak-kawula | lah kawula nyuwun adil | (m)botên suka botên lila ||

9. (ng)Gih kawula kianiayakinaniaya. wong baring | puniki kang nendra | pêksa marusa ing mami | yèn botên tuwan ukuma ||

10. Pasthi ulun nagih ing akerat benjing | nèng ngayunaning Hyang | paduka kang uluntagih | yèn tan ngukum wong niaya ||

--- 2 : 268 ---

11. Ratu ingkang kuwajiban angadili | mring wong nganiaya | dene kawula puniki | tanayanipun ki Suplan ||

12. Sampun mashur sajroning nagari Mêsir | ki Suplan santosa | duk wingi kawula lagi | arsa ngujung mring wong tuwa ||

13. Anèng marga cinêkêl saking ing wingking | mring titiyang edan | puniki kang lagi guling | dipun enggal adilana ||

14. Wus tumêdhak raja Mêsir ngandika ris | apa karêpira | umatur Ngabdullah èstri | tuwan tugêla kang murda ||

15. Nuntên amba tuwan bêkta dhatêng puri | gya anarik pêdhang | karsa amêdhang kang guling | mèh lali ing kukumulah ||

16. Marmaning HyngHyang. Kanggêg manahe sang aji | ngunandikèng driya | eman jênêngingsun aji | dadya aris angandika ||

17. Èh wong ayu sira manjinga jro puri | anungganga jaran | mêngko sapungkurmu yayi | sun patenane si edan ||

18. Eman sira aja kacipratan gêtih | mêngko yèn wus pêjah | ingsun mulih marang puri | lah mara sira dènenggal ||

19. Sirahira kang lanang sinèlèh siti | wus anitih kuda | banjur lumêbèng jro puri | ana dene ki Ngabdullah ||

20. Gumalundhung nèng siti maksih aguling | raja Mêsir agya | pêdhangnya cinêlup gêtih | ing menda binêktèng pura ||

21. Sarawuhe ing pura sri narapati | animbali marang | ni (m)bok Ngabdullah Johari | andikanira sang nata ||

22. Yayi uwis ngongpêdhangngong pêdhang. wong edan mati | anulya cinandhak | pêdhang ana tilas gêtih | dinilat mring (m)bok Ngabdullah ||

23. Têka eram raja Mêsir aningali | mring pratingkahira | wadon Ngabdullah Johari | ngandika sajroning nala ||

24. Iya apa sababe wong edan asih | mring wong iki iya | pratingkahe sun-yêktèni | atine kaliwat ala ||

25. Kawarnaa ki Ngabdullah kang aguling | kasorotan surya | ngalilir banjur alinggih | mulat rabine tan ana ||

26. Dipun nyana mulih maring kubur malih | sinusul tan ana | mring wismane tan kapanggih | martuwane tinakonan ||

--- 2 : 269 ---

27. Martuwane anêbut sarwi nuturi | adhuh anakingwang | rabimu uga wus mati | lawase wus tigang warsa ||

28. Sira tunggu kubure raina wêngi | mêngko takon mring wang | sira iku maksih baring | budimu akulèwèran ||

29. Pan anjêlèh sirahe Ngabdullah sarwi | pinopok ing lêmah | tatanggane padha angling | ki Ngabdullah nyata edan ||

30. Ngêndi ana wong wis mati bisa urip | sira tutur gêsang | padha dènguguyu maring | wong kathah sasolahira ||

31. Pan awuwuh Ngabdullah sataun malih | prihatinirèng tyas | lali nadhah lawan guling | saya sru ngasmarèng driya ||

156. Asmaradana

1. Kang duwe hikayat angling | sawiji dina Ngabdullah | Johari linggih ing bango | prênah sapinggiring ratan | anuju kajinêman | nyinggahakên wong lumaku | kabèh kang rupa wong lanang ||

2. Milane mangkono dening | para garwane sang nata | sadayanya arsa miyos | papara arsa mring sêndhang | mila sakèh wong lanang | kang samya anèng lulurung | tuwin kang anèng ing pasar ||

3. Sadaya padha sumingkir | amung kari ki Ngabdullah | alinggih ngisoring bango | anèng sapinggiring marga | mangkana ciptanira | bayèngsun ing mêngko wêruh | para garwane sang nata ||

4. Ayu êndi warnanèki | lawan rabiku (m)bok jênat | sunlinggih ing kene bae | prandene sun wus ingaran | wong edan mring wong kathah | mangsa kênaa sisiku | kajinêman nulya prapta ||

5. Angucap akon sumingkir | èh wong edan alungaa | aja alinggih ing kene | ki Ngabdullah tan alunga | banjur wong kajinêman | kasusu ing praptanipun | ingkang para dhayang-dhayang ||

6. Samya anitih turanggi | têgêse pra dhayang-dhayang | para rara para wadon | dhayang sawiji angucap | lah wong edan lungaa | padha rewange sumaur | karêpe iku wong edan ||

--- 2 : 270 ---

7. Margane kapatèn rabi | aja sira urah-urah | pan iku alungguh bae | ajêjêl ingkang lumampah | pra rabining satriya | nulya rawuh para arum | para garwaning sang nata ||

8. Saking kathahe pawèstri | ana kang arsa sikara | mring ki Ngabdullah nyawowo | ki Ngabdullah lincak-lincak | solahe alêlewa | dadya samya dèn-guguyu | Ngabdullah awas tumingal ||

9. Marang para putri-putri | kang sami anèng wahana | mangkana Ngabdullah kagèt | (n)jêngêr mulat rabinira | awor lan para garwa | anitih kuda binuru | cinandhak kêndhalènira ||

10. Sarwi ngucap bênêr dhingin | andikane Nabi Ngisa | tanarsa anguripake | marang sira pira-pira | aturku kang amêksa | anjaluk marang uripmu | lan sira dhewe winêkas ||

11. Wawarah dènwasiyati | aja sira palacidra | maringsun aja anggawe | susah marang atiningsun | karana uripira | iku pinaringan umur | saparone umuringwong ||Guru lagu seharusnya: 8a, saparone umur ingwang.

12. Têlung taun sun prihatin | apisah kalawan sira | lan wuwuh sataun manèh | ingsun edan saking sira | sing palacidranira | (m)bok Ngabdullah dahat rêngu | kasêrêngan ujarira ||

13. Ya pagene maksih urip | sira nora pinatènan | mêngko gulumu pêdhote | gya cinandhak tanganira | mudhun saking titiyan | Ngabdullah acêluk-cêluk | kabèh kawulaning Suksma ||

14. Padha tingalana ugi | yèn wong iki rabiningwang | uwis sataun lawase | minggat sing tanganingwang |Kurang satu suku kata: minggat saking tanganingwang. kaliwat palacidra | Ngabdullah nulya kinêpung | dening wong dalêm sadaya ||

15. Samya angrêbut nulungi | mring rabine ki Ngabdullah | ana kang mêngkang tangane | ana anapuk andugang | ana ingkang amala | nanging ta nora karêbut | akancing panyêkêlira ||

16. Dèn palaur jêlih-jêlih | saking larane Ngabdullah | pinala wong wadon akèh | panyêkêle nora uwal | dadya samya tinilar | kasusu rawuh sang prabu | kagyat Ngabdullah tumingal ||

17. Johari nyêkêl kang èstri | rinubung dening wong kathah | kandhêg sang nata lampahe | kang magêrsari akapang | nyêdhak marang Ngabdullah | nulya ki pangulu rawuh | munggèng

--- 2 : 271 ---

wurine sang nata ||

18. Ngabdullah awas ningali | mring pangulu anèng wuntat | anulya dènarêpake | sarya sru matur mangkana | èh damaring nagara | kawula anêdha kukum | ing tuwan witte mangkana ||

19. Rabingong minggat mring puri | dènumpêtakên sang nata | inggih sataun lamine | ki pangulu atur sêmbah | ya gusti Sahing Ngalam | punika tiyang majênun | andakwa dhatêng panduka ||

20. (ng)Gih sêlir-dalêm kakasih | ingkang cinêpêng punika | apan inganggêp rabine | kadya punapa parentah | tuwan dhatêng kawula | sang nata sangêt kumupyur | marinding mulat Ngabdullah ||

21. Kêkês sariranirèki | rumangsa olèh dêduka | mangkana lon andikane | lah takonana apa |Kurang satu suku kata: lah têtakonana apa. duwe saksi bayinat | sigra kiyai pangulu | tatanya maring Ngabdullah ||

22. Apa sira duwe saksi | èh majnun ngaku rabinta | Ngabdullah asru saure | tuwan mundhut saksi-para | ki pangulu saurnya | saksi loro bae cukup | Ngabdullah Johari mojar ||

23. Saksi kawula Hyang Widdhi | kapindo (n)Jêng Nabi Ngisa | kang minangka saksiningong | ki pangulu angandika | lah mara têkakêna | Nabiyulah Ngisa iku | yèn gêlêm munggah bayinat ||

24. Iya sun wèhakên nuli | wong wadon iku mring sira | Ngabdullah lunga mring (ng)gonne | kalanira prajanjian | kalawan Nabi Ngisa | sapraptanira agupuh | tumênga maring ngawiyat ||

25. MatturMatur. ring Hyang Mahasuci | mugi amba panggihêna | lan Nabi Ngisa samangke | mustajab pandonganira | saking eklasing manah | jlêg Nabi Ngisa tumurun | anèng ngarsane Ngabdullah ||

26. Sumungkêm ing suku aglis | Ngabdullah saha turira | Ya Nabining Hyang kang awèh | sapangat ing wong kasiyan | amba dipun niaya | inggih dhumatêng sang ratu | ing Mêsir rabikawula ||

27. Dèn-umpêtakên wus lami | mangke kapanggih kawula | kula têdha botên awèh | anêdha saksi bayinat | nyatane rabiamba | yèn ta prapta saksinipun | sinungkên èstri kawula ||

28. Andikanira (n)Jêng Nabi | yèn mangkono payo enggal |

--- 2 : 272 ---

suntêmonane sang katong | gya mangkat sira Ngabdullah | (n)dhingini lampahira | sarwi lumayu-lumayu | wus prapta sru dènnya ngucap ||

29. Èh kali-damaring nagri | ika Nabi Ngisa prapta | ya ta kagyat sang akatong | myarsa Nabi Ngisa prapta | miwah pangulu samya | agupuh dènnira mêthuk | sang nata sawadyanira ||

30. Mangkana cundhuk sang aji | mangrêpa mring Nabi Ngisa | Alkamdulillah ature | tuwan anêdhaki amba | pan pira-pira nikmat | tuwan kang sampun dhumawuh | ing kula margi Ngabdullah ||

31. Mugi winêngangna§ Prayoginipun / winênang /, amargi kakathahên sawanda. kang dasih | ngujung dalamakan tuwan | Ki Ngabdullah sru wuwuse | lah pundi rabikawula | mugi tuwan têdhakna | samangke mangke sang prabu | kèndêl tan bisa ngandika ||

32. Gumêtêr sariranèki | karingête areweyan | saking jrih tumêkèng batos | nyana katêkan dêduka | -ning Hyang wus ngrasa salah | pangulu tarampil matur | ya tuwanku Kabibullah ||

33. Rabine Ngabdullah yakin | sampun pêjah tigang warsa | kadya punapa kukume | kawula anyuwun wulang | ngandika Nabi Ngisa | mangkana purwane iku | rabine Ngabdullah pêjah ||

34. Wus têlung taun ananging | Ngabdullah bangêt (n)dêdonga | (n)jaluk uripe rabine | mangka ngêndikaning Suksma | mring sun kinèn dadiya | iya lantaraning atur | anêmoni si Ngabdullah ||

35. (n)Jaluk uripe kang èstri | sunsuwun Kalaratulah | kalilan dening Hyang Manon | nuli ingsun andêdonga | urip wadon Ngabdullah | ananging umure puput | nora bisa barang-barang ||

36. Mangka nuli dènwènèhi | umur marang ingkang lanang | iya saparo umure | mulane bisa lumampah | mulih barêng kang lanang | wadon Ngabdullah sumaur | asugal wicaranira ||

37. Iku Nabi Ngisa gidib | sinêrêg maring Ngabdullah | Nabi Ngisa ngandikane | apa sira nora arsa | duwe laki Ngabdullah | wadon Ngabdullah umatur | abiyas sarta supata ||

--- 2 : 273 ---

38. Dêmi Allah awakmami | dede bojone Ngabdullah | mangka Nabi ngandikane | yèn mangkono ulihêna | umure si Ngabdullah | ingkang sira silih iku | ature inggih sumangga ||

39. Nulya angandika Nabi | ah wis mati (m)bok Ngabdullah | gulethak tiba patine | tinutup ing lawang tobat | ingkang tigang prakara | dhingin cilakane iku | (ng)gorohakên Nabiyolah ||

40. Kapindho tinutup dening | cilaka dènnya upatasupata. | wus tita dêmi Allahe | ping tri tinutup cilaka | iku pan nora kêna | sinalatkên patinipun | mangkana Ngabdullah mulat ||

41. Yèn rabine angêmasi | Ngabdullah sigra anyandhak | rasukanira sang katong | asru mojar èh sang nata | kang ngumpêtkên marang |Kurang satu suku kata: kang ngumpêtakên marang. rabikawula sataun | gya Nabi Ngisa ngandika ||

42. Èh raja apa sayêkti | iku ujare Ngabdullah | raja Mêsir tur sêmbahe | inggih sayêktos kawula | saking (m)botên wuninga | yèn tiyang èstri puniku | rabinipun ki Ngabdullah ||

43. Kawula dipun dorani | kêni rêncananing setan | sakêdhap kawula supe | ing mangke sumanggèng karsa | apan anak kawula | pawèstri parawan ayu | kaparingêna Ngabdullah ||

44. Inggih dadosa lintuning | dosamba dhatêng Ngabdullah | kula têdha apurane | Ngabdullah Johari trima | lajêng minggah aningkah | Nabi Ngisa ngandika rum | hèh rara wus bêgjanira ||

45. Yèn aja katrima ugi | kaya sirna kratonira | poma aja manèh-manèh | wèh susah atining bala | krana wong dadi raja | witing kabêcikan tuhu | singgahna manah kêthaha ||

46. Yèn ratu kêthaha budi | tan angambah adil susah | ngalamat purêt têdhakketêdhake. | nora kongsi turun tiga | kinêbat wahyuning Hyang | nora kêlar dadi ratu | turunne kasurang-surang ||

47. Nasêkah pitutur iki | kabèh kawulaning Allah | kang wus padha ngakil balèg | padha ngalapa ibarat | padha angrungokêna | critane hikayat iku | lan aja ana pracaya ||

48. Iya marang ing pawèstri | lan aja sira ambuka | wawadi ana wong wadon | lan aja nurut ujarnya | wong wadon iku iya | bolong atine mring napsu | sasanga sakèh wanodya ||

--- 2 : 274 ---

49. Wus kocap pangandikaning | Suksma kang muni ing Kur'an | nyaritakakên kandhane | Nabi Yusup lan kang garwa | Iya Siti Jaleka | ngandikanira sang prabu | Mêsir mring Siti Jaleka ||

50. Utawi pangrêncananing | setan iku amung iya | Hyang Suksma sinêbut ènthèng | dene pangrêncananing dyah | iku kang luwih awrat | saking setan godhanipun | wus lanas ing dalêm Kur'an ||

51. Satuhu rêncananing |Kurang satu suku kata: Satuhu yèn rêncananing. setan iku awis dadya | hèh eling-eling sakèhe | wong kang padha wus budiman | padha amicaraa | mungguh ayat loro iku | pangupayane wadon ||

52. Iku kang luwih pribadi | angluwihi saking iya | ing setan pangrêncanane | kayata kang pangandika | (n)Jêng Nabi Nayakèngrat | mungguh caritaku mau | supaya padha elinga ||

53. Ywa pêgat mamintèng Widdhi | dèndohna sakèh duraka | aja êsak myang sêrike | sanadyan uwus kaêcap | pasthine isih kêna | sinuwun dènemut-emut | mirib crita dyah utama ||

54. Sagunging kang amiyarsi | samya nuwun aturira | mugya angsal barêkahe | caritanya dyah utama | ywa pisan-pisan kadya | Nyi Ngabdullah wong dikêpruk | dadya isining naraka ||

55. Nahên ta wus lingsir ratri | pra tamu samya popoyan | pamit nyai wisma Nikèn | Pujastuti lon lingira | bilih panudyèng karsa | inggih benjing-enjing dalu | tuwi ngiras miyat wayang ||

56. Ki Panjangmas ingkang ngringgit | enjing lajêng murwakala | pun ngantèn èstri kawite | nugêlkên gandhik lawêdan | mangsuli samya sagah | tan pae pra tamu kakung | samya binêjan sadaya ||

57. Para tamu jalu èstri | wus umantuk sowang-sowang | sarimbitan miwah ijèn | nèng marga ajak-ajakan | yèn wangsul sasarêngan | dalune datan winuwus | enjing amangun sarkara ||

--- 2 : 275 ---

157. DhandhanggulaTeks asli: Sarkara.

1. Byar raina warga jalu èstri | kang pinatah samya nambutkarya | wus tapuk anambutgawe | rêrêsik ngatur-atur | Pujastuti marintah maring | pangagêgningpangagênging. madharan | ing samêktanipun | sajèn miwah sarat-sarat | ing pangruwat kanggenipun benjing-enjing | panyuwune ki dhalang ||

2. Ingkang badhe tumrap anèng kêlir | tutuwuhan sajodho kang pêpak | gêdhang têbu cêngkir lêgèn | pari rong gèdhèng wulu | cikal kalih wah ayam kalih | jalêr èstri cinancang | kiwa têngênipun | sajèn tumpêng warna sanga | tumpêng tutul tumpêng lugas tumpêng kêndhit | tumpêng pucuk lombok bang ||

3. Tumpêng magana janganan isi | tumpêng magana isi wak ayam | tumpêng rajêg dom-wajane | tumpêng tigan ing pucuk | tumpêng sêmbur jangkêp nawèki | karoso kalih ingkang | miji isinipun | sêkul ulam pan ginantang | anèng kiwa pungkasaning ingkang kêlir | sijine isinira ||

4. Pala pêndhêm kasimpar mawarni | uwos pêthak wowohan kang pêpak | tinimbangkên pagantange | nèng kêlir têngên pucuk | sajèn klapa pandhan sawiji | bantal anyar satunggal | sinjang warni pitu | sadodot polèng bintulya | dringin songèr tuluhwatu gadhung-mlathi | liwatan bangun-tulak ||

5. Pandhan-binêthot jangkêpirèki | sadhiyaa sinjang kêmbên pêthak | kang badhe dènangge sibèng | wusing kangge puniku | kyai dhalang ingkang (n)darbèni | yèn jalêr kang rinuwat | ikêt sinjangipun | kalih iji pangot waja | miwah kropak ingkang wiyar sarta aking | satêkêm kathahira ||

6. Sêkul wuduk lêmbaran warna tri | ayam cêmêng ayam pêthak ingkang | sami mulus sadayane | antigan ayamipun | jadah warni sapta bang putih | biniru sarta jênar | kêndhit tutul sampun | kêtan kuning cêmêng pêthak | biru ijêm wajik jênang-dodol manis | jênangan warni sanga ||

7. Winadhahan ron pisang tinakir | myang klothokan gêdêbog pinindha | takir sinami isine | jênang blowok bang biru | ijêm pêthak [pê...]

--- 2 : 276 ---

[...thak] cêmêng myang kuning | jênang lêmu sanganya | kang jênang bêkatul | sarabi awarni sanga | irêng biru wungu ijo tutul kuning | bang pêthak isèn gula ||

8. Ingkang§ Prayoginipun / bikang / kados kasebut ing tembung candhakipun / bikang putih. abang lawan bikang putih | awug-awug ampyang sapêpaknya | pondhoh pipitu warnane | bang putih irêng biru | ijêm wungu saptanya kuning | lêgondhoh lêpêt kupat | wêwungkusanipun | mêndut limus nagasêkar | clorot pudhak êntul-êntul srabi utri | myang pipis warna-warna ||

9. Pulagimbal miwah pulakringsing | tinunggilkên mung dadya sawadhah | rêrêmikan sapêpake | wowohan sahnanipun | tukon-pasar ingkang miranti | yatrane kalih uwang | rujak warninipun | rujak bakal sarwa wêtah | rujak dhêplok rujak crobo rujak dulit | rujak lêgi sawadhah ||

10. Gêcok-bakal lombok uyah trasi | brambang bawang ulam mesa mêntah | gêcok-gêsang kalih lele | gêcok-dadi trinipun | tigan ayam mêntah sarakit | sakêmbar glaran pacar | saunting kang kayu | bumbu-bumbu ingkang pêpak | wolak-walik pêcêl pitik jangan mênir | sêga golong kêcambah ||

11. Êmpon-êmpon sapêpakirèki | pala gumantung pêndhêm kasimpar | mêntah matêng sajangkêpe | dados sawadhah kumpul | bêndho lading jujungkat suri | kaca payung tumumpang | jajan-pasaripun | tindhih salawe dhuwitan | alang-alang godhong dhadhap srêp saunting | myang godhong apa-apa ||

12. Ungkêr siji lênga sundhul-langit | lawe saukêl ingkang pêthak |§ Gatra punika kirang sawanda, mila prayoginipun / lawe saukêl kang warni pêthak. sêkul asahan nginggile | pinupuk punar sêkul | kupat luwar sakawan iji | bêras pêthak sadangan | klapa gundhil jalu | dènbêt-ubêt lawe wênang | têlung ubêt walikukun papat iji | panjang sami sahasta ||

13. Lisah kalêntik kêbak sacangkir | êjar blencong tiga tèng kang arta | sagoci bêg isi tètès | sagoci badhègipun | we têmpuran dipun-wowori | we sumur warni sapta | sêkar sêtaman rum | têlu tèng

--- 2 : 277 ---

kobokan arta | abahaning pawon kang pêpak miranti | pêngaron ingkang anyar ||

14. Kêndhi anyar kinêbakan warih | lisah kacang sagêndul kang kêbak | dilah murup nèng clupake | dalingo bawangipun | tindhih arta salawe dhuwit | pisang ayu tangkêban | miwah suruh ayu | saadune ingkang pêpak | gêndhis klapa satangkêp tindhihirèki | suwidak wang têmbaga ||

15. Sampun cêkap tan na malih-malih | sacêkape wa kula sumangga | kang tampi dhawah ature | sandika nulya gupuh | paparentah rèh-rèhanèki | wus samapta sadaya | sarat-sajèn suguh | kêlir gamêlan tinata | sarat-sarat kang tumrap pungkasan kêlir | sadaya wus pinasang ||

16. Mas Cêbolang myang sakawan santri | tumut ngrarakit atata-tata | wus samapta sadayane | Sang Hyang Arka sumurup | palataran pating karêlip | kang samya wawadeyan | kinang kupu-tarung | sata eca sêdhêng wadhag | myang oprokan rokok-klobot Jawa wangi | wiron dhinèdhès ngambar ||

17. Upêt sêpêt mancung warni-warni | bakmi ayam saoto kambangan | cokotên rondhe cêmoe | wedang tèh lawan bubuk | dhawêt srêbat cao bir manis | bêras-kêncur sêmêlak | lêgèn arèn arum | panganan gorèng mawarna | babasahan wuwungkusan amêpêki | pala pêndhêm kasimpar ||

18. Gêgodhongan ginorèng cinriping | jênang dodol pondhoh wajik jadah | jadah gêdhang kêtan ore | gêthuk juwadah pohung | cêthot juruh ledre surabi | jênang cocoh bang-pêthak | puli awug-awug | thiwul udhak cabuk-rambak | grontol inthil gandhos rangin wolak-walik | ampyang karag bakaran ||

19. Rujak dhêplok gobèt pêcêl lotis | sêga lodhohpindhang gudhang tumpang | sêga prêcita myang krèngsèng | sate maesa wêdhus | sate ayam gudhêg kêbiri | kupat lonthong lêgandha | kupat munjit bungur | sêga-liwêt ulam ayam | kupat dhocang gorengan ulam mawarni | antigan pindhang kamal ||

20. Jêruk jambu pakèl pêlêm kwèni | blimbing dhuku kulampês kokosan | dhuwêt kêlayu lan katès | nangka manggis kapundhung |

--- 2 : 278 ---

cêngkir dêgan pinaras klimis | myang sêpête pinindha | buron dharat laut | kinarya êmbut-êmbutan | rarywa jajan swarane pindha garimis | ramya pating kêcapah ||

21. Wusing jajan minggah mring pandhapi | (ng)gêlar klasa arêbat panggenan | kumarusuk ting carêngèk | swara tarung lan talu | suwuk gangsa kadya kinardi | sirêp tan ana ngucap | kang nonton myang tamu | ing tyas samya ngarsa-arsa | wêdaling kang wayang binabar ing kêlir | nilingkên caritanya ||

22. Para tamu jalu miwah èstri | awit rawuh ijèn sarimbitan | pinarnahakên linggihe | sêgahira lumintu | wus tinata praptaning enjing | sampêt nora kuciwa | dhauping kang waktu | ki wisma mrêpêki dhalang | Kyai Jurupujangkara wacana ris | kiraka Panjangêmas ||

23. Prayogine lampahan punapi | rèhing benjing-enjing lajêng ngruwat | Panjangêmas lon ature | ki bêkêl yèn panuju | Partadewa lampahanèki | sawatawis kêmbanya | kathah raosipun | ki Juru panudyèng karsa | yèn wis wanci prayogi lajêng ngawiwitlajênga wiwit. | ki dhalang tur sandika ||

24. Anyêmpala kothak munya gêndhing | karawitan ambêdhol gunungan | ngungalakên balenconge | jêjêrira sang prabu | ing Ngastina kang anèng ngarsi | rêsi Pandhita Druna | lawan sang nindyanung | kyatingrat Kyapatih Suman | apêparab Rahadyan Patih Sangkuni | warangka ing Ngastina ||

25. Awit jêjêr sapiturutnèki | saya tambah sêsêke kang mulat | samya niyat ngêbyarake | owêl kalamun mantuk | katambahan sêdya nyumrêpi | lampahing Murwakala | kang wayang pinuju | mêdal pandhita danawa | Sang Bagawan Kesawa kang anèng ngarsi | kadang manodya endah ||

26. Apêparab Endhang Mardadari | kyai dhalang ngucapkên mangrêngga | sang Kesawa dhadhepoke | nênggih Ringin-kapitu | langkung dènnya amatiragi | gêntur kasutapanya | kinasih dewagung | pratapan ing Ngringin-sapta | wingit singit arang janma kang udani | yèn tan kanthi nugraha ||

--- 2 : 279 ---

158. Kinanthi

1. Dangu dènnya imbal wuwus | lan kadang Dyah Mardadari | apa ananing patapan | tanêm-tuwuh warni-warni | nulya mring sanggar pamujan | sang wiku mangsah sêmadi ||

2. Kadang èstri datan kantun | tumutur maladi êning | ngêningkên kang pancadriya | tan ana swara kapyarsi | kang kacipta kang katingal | pucuking grana kapusthi ||

3. Mung pribadi kang sinêbut | datan pantara sang rêsi | amati sajroning gêsang | tan kèri Kèn Mardadari | wus sami angraga suksma | ngancik jamaning kapatin ||

4. Yitma sang Kesawa wiku | Nayarana kang kinardi | yitma Mardadari Endhang | Rara Irêng kang kinardi | samya (n)dêdêl mring ngakasa | sarwi awawanan angling ||

5. Yitma Mardadari muwus | kakang ing samêngko iki | ing karêp wus tinurutan | kakang pan angèl sayêkti | pratingkahe mring kamuksan | Kesawa aris nauri ||

6. Dadine bênêr ujarku | rara wong kang amrih yêkti | ora kêna ginagampang | yèn ora tega ing ati | pindhone amatiraga | janaloka tan tinolih ||

7. Sarta patitising sêbut | kudu ing tekat tohpati | sakèhing karêp cinêgah | beda lan kang wus linuwih | wus mêngêng ing ngarcapada | sakarêp-karêpe dadi ||

8. Beda sira lawan ingsun | maksih kulinèng nagari | marmane angèl kalintang | sawênèh ana ngarani | gampang pratingkah kamuksan | ing ngarêp ginawe gampil ||

9. Sanyata gampang kalamun | tilar dhahar lawan guling | nora minum nora sahwat | tanpa karêp tanpa runtik | nora saèn lan wirangan | yèn mangkono pasthi gampil ||

10. Sarta patitising kawruh | yèn mangkonoa sayêkti | uga angèl kaya sira | dene kang mastani gampil | rara yèn panarkaningwang | têka nyolong mamaktuli ||

--- 2 : 280 ---

11. Sajatine kurang kawruh | kasusu kudu ngêngkoki | mung mikir wajib lan wênang | mokale tan dènpraduli | ngaku Hyang Jagatwisesa | kapan (ng)gonne ngukir langit ||

12. Yèn bukti jegang ngêndhuruk | yèn turu prasasat mati | pamaine warna-warna | dahwèn panastèn sru drêngki | nêpsune angambra-ambra | dènècèr dènnya ngêngkoki ||

13. Dene ta sayêktinipun | sirèku amung sisilih | karna netra grana sabda | paliwara kang sayêkti | êninging tyas iku dadya | pikukuh dayaning budi ||

14. Kamomoran sira iku | gêni banyu angin bumi | gêtih atanapi kama | marma sira luwih langip | yèn sira bisa amisah | sêsukêr sajroning ragi ||

15. Dènwaskitha ing pangrêngkuh | nora kêna yèn binudi | kalawan nalar (n)daleya | matur ris Kèn Mardadari | kakang duk mau sun miyat | abang irêng kuning putih ||

16. Kesawa aris sumaur | hèh ta rara wruhanèki | duk sira angragasuksma | kuning arêrupan adi | iku cahyaning kang Suksma | wus pêcat mila kaèksi ||

17. Suksma Langgêng wastanipun | Suksma Purba kaping kalih | Suksma Wasesa ping tiga | Suksma Luhur kang mungkasi | mêngku nêpsu patang pangkat | iku ingkang marentahi ||

18. Suksma Langgêng wastanipun | kang irêng mau kaèksi | Suksma Purba rupa abang | Suksma Wasesa kang kuning | dene Suksma Luhur ika | iya ingkang rupa putih ||

19. Suksma Langgêng kang dèn-ugung | asrêngên sabarang runtik | nêpsu (n)dadra ngambra-ambra | (n)daluya gung muring-muring | dene ingkang Suksma Purba | ngugung sakèhing pêpengin ||

20. Karêm mêmelikan iku | panastèn murka darêngki | dahwèn opènan sêmbrana | lonyo mamak êdir dhiri | dene kang Suksma Wisesa | iku ingkang (m)bêbayani ||

21. Karyane iku nunungkul | marang ati ingkang suci | yèn niyat amrih utama | dèn-gondhèli dènbuntoni | binawur mring

--- 2 : 281 ---

kuwurira | yèn ingkang kalih prakawis ||

22. Jinurung kalantur-lantur | amrih rusaking kang dhiri | dene Suksma Luhur iku | mung sukci tan ika-iki | amrih arja sartatama§ Prayoginipun / martotama / = marta lan utama. | anggung ngajak kurang bukti ||

23. Sajati-jatine iku | gagênti Hyang Utipati | misesa Suksma titiga | Mardadari turira ris | apa kang katon gumêbyar | nyurêmkên pradanggapati ||

24. Kakang sun kaya sumaput | cumlorot ngebat-ebati | ika maksih katingalan | dene kang patang prakawis | kakang wis datan katingal | sang Kesawa lon nauri ||

25. Ingkang mancorong kadulu | cumlorot mancur (m)blêrêngi | nyurêmkên soroting surya | padhange ngèbêki bumi | rara iku Tenjomaya | sawarga ingkang linuwih ||

26. Manungsane Bathara-gung | kang wus tinarima yêkti | ginanjar ing Tenjomaya | sakarêp-karêpe dadi | Mardadari ris turira | payo kakang dènparani ||

27. Kakang manira yun wêruh | iya yayi luwih bêcik | linajêngkên dènnya minggah | sinigêg wêdaling ardi | ki dhalang nyêmpala kothak | mungêl gêndhing Gambirsawit ||

28. Ngadêg risang Pandhusunu | ingadhêp pra widadari | Dyah Supraba Wilotama | Dyah Gagarmayang Warsiki | Dyah Prabasini Surendra | kapitu Dyah Warsasini ||

29. Kang gangsa nulya jinantur | ki dhalang carita aglis | swara gandhang titis cêtha | nênggih gantya kang winarni | sawarga ing Tenjomaya | kadhaton ing Suranadi ||

30. Yêkti tan kêna cinatur | endahe ing sawargadi | sadaya sarwa kancana | wisma mas pagêre rukmi | wêdhinya sotya lan mirah | plataran pating parêlik ||

31. Gapuranira mas ta tur | rinêngga sosotya adi | ingukir sinung gupala | nadyan pagêre capuri | êmas byur kandêl sahasta | ubêngira winitawis ||winatawis.

--- 2 : 282 ---

32. Têmugêlang pitung dalu | satuhu ngebat-ebati | gapuranya sungsun sapta | jawata ingkang (n)jagani | nanging tan rupa manungsa | rupa naga wênèh pêksi ||

33. Gapura raja amunggul | mèh sundhul ing ngawiyati | kaukir inguparêngga | sinotya-sotya rinukmi | pucak gapura sinungan | sotya gêng sawaluh kênthi ||

34. Mila tan siyang tan dalu | saking ujwala nêlahi | dhasarnya sawargaloka | langgêng nora kêna gingsir | ingkang rumêksa jawata | kakalih warni rasêksi ||

35. Dahat ngajrihi gung luhur | siyungnya anggaru langit | netra kadya surya kêmbar | suwara sru (ng)gêgêtêri | lir barunging gêlap sasra | wastanya ingkang satunggil ||

36. Bathara Cingkara iku | lan Balaupata sami | ngrêksa kori (n)jawi pisan | asikêp gagaman sami | pêdhang tamèng tamsir gada | nulak ingkang sêdya manjing ||

37. Sanadyan pra jawatèku | sayêkti tan kêna manjing | sinêngkêr Hyang Girinata | mung isi para apsari | kang cinadhang Tenjomaya | manungsa ingkang kinasih ||

38. Siniyan batharanipun | kang apunjul ing sabumi | kang kalis ing pancadriya | wontên titahing Hyang Luwih | satriya Andananjaya | tinarimèng Batharadi ||

39. Kalis ing pancana§ [ada tanda bintang, tapi tidak ada keterangan catatan kaki: mungkin bancana]. tuhu | mila siniyan dewadi | ingambil atmaja priya | dènadu lan sang yaksaji | Prabu Newatakawaca | arsa ngrusak Suranadi ||

40. Sang Parta prangira unggul | nadyan (n)tuk sihing dewadi | ginanjar ing Tenjomaya | rinatu nèng sawargadi | sinrahkên saisinira | sagung kang para apsari ||

41. Sang Parta sakayun-kayun | nora nganggo dènwangêni | kundura mring marcapada | jênak anèng sawargadi | wus winênang de Hyang Siwah | sakarsa-karsane dadi ||

42. Ing mangke sang Parta nuju | nèng Tenjomaya wus lami | siniwi kang para garwa | sapta ingkang widadari | kêkasihe waranggana | Dèwi Supraba lwih adi ||

--- 2 : 283 ---

43. Wilutama kalihipun | katiga Dèwi Warsiki | Surendra lan Gagarmayang | Prabasini Warsasini | Rêtna Supraba punika | kang dadya garwa padêmi ||

44. Datan pinanjanging catur | warnane kang widadari | ayune wong Marcapada | kasor dening pra apsari | mila kinarya babasan | tobat kaya midadari ||

45. Tanpa gawe yèn ginunggung | ayune pra widadari | lan narendra Tenjomaya | sarwa-sarwining pangèksi | kabèh langêning bawana | sayêkti tan gothang siji ||

46. Sang Dananjaya kalamun | siniwi ing sawargadi | nilar kasatriyanira | nglênggahi jênênging aji | bibisikaning narendra | sang Mahaprabu Karithi ||

47. Duk samana sang aprabu | lagya siniwi pra rabi | lênggah munggèng Maderêtna | aglar andhèr kanan kering | para garwa para putra | patutan sing widadari ||

48. Kang lênggah cakêt sang prabu | mung sang musthikaning swargi | kothak nulya jinêmpalacinêmpala. | gêndhing ngalik§ Prayoginipun / ngêlik /. asru ngalih | sawatara gya sêsêgan | ngandhêlong suwuking gêndhing ||

49. Pathêt sanga suluk nutug | tandya ngucapakên ringgit | kusuma Rêtna Supraba | umatur saha wotsari | dhuh sang kalêngkaning jagad | pun dasih anuwun runtik ||

50. Dene dahat kamipurun | umatur panduka aji | dhuh pukulun paran marma | paran ta kang dadi sisip | sakenjing datan ngandika | sanès lan duk wingi-wingi ||

51. Mèsêm ngandika sang prabu | babo ratuning mamanis | yayi aywa salahcipta | nora yèn mangkono gusti | dhuh yayimas wruhanira | raosing tyasku sakenjing ||

52. Tansah maras kêpyur-kêpyur | sumêlang anggung kuwatir | nêmbah atur Kèn Supraba | pukulun sri narapati | punapa dados sumêlang | dene wus nèng suwargadi ||

53. Kèn Wilutama sumambung | pukulun kang bokmanawi | raka paduka sang nata | kangên garwane kakasih | putri adi ing Mandura | nadyan kathah para rabi ||

--- 2 : 284 ---

54. Woding tyas amung puniku | tuhu musthikaning putri | kusuma Wara Sumbadra | jêr sang nata sampun lami | siniwi nèng Tênjomaya | sang nata mèsêm lingnya ris ||

55. Intênku ratuning ayu | si kakang nora angimpi | maksih jênak sandhing sira | kunêng kang lagya pradondi | yitma kalih praptanira | ngintip satêpining kori ||

56. Mardadari alon muwus | nyata yèn ngebat-ebati | sawarga ing Tenjomaya | Kesawa aris nauri | rara payo nuli mêdal | wus tutug (ng)gonku§ Prayoginipun / (ng)gonmu /. ningali ||

57. Payo nutugake laku | Mardadari ris nauri | kakang sarèhna sadhela | pitakonku durung dugi | dadine ing Tenjomaya | panggonnane pra apsari ||

58. Kakang sapa ingkang lungguh | siniwakèng made rukmi | dêlênge kaya manungsa | ingadhêp pra widadari | jarene ing Tenjomaya | tan kêna wong lanang manjing ||

59. Sanadyan pra jawatèku | iya nora kêna manjing | aja kang jalma manungsa | sêmune kang linggih iki | kaya kang duwe kadhatyan | absariapsari. minangka rabi ||

60. Kesawa ngandika arum | bênêr ujarira yayi | sawarga ing Tenjomaya | tan kêna ingambah jalmi | sanadyan para jawata | linarang de Hyang Pramèsthi ||

61. Mung kang siniyan dewagung | minangka lananging bumi | ingambil putra surayaSuraya (maksudnya negara Suralaya). | de Hyang Endra Surapati | iku panêngah Pandhawa | kadange Sri Darmasiwi ||

62. Duk mau manira tutur | sapa wonge kang antuk sih | katrima Hyang Jagadnata | ginanjar ing sawargadi | yayi iku wruhanira | Prabu Karithi linuwih ||

63. Radèn Janaka rannipun | paparab Radyan Prêmadi | satriya ing Madukara | tuhu kalêngkaning bumi | lalananging jagadraya | tur kayun pidaraèni ||

64. Bisa urip loro iku | anèng Marcapada urip | anèng Endraloka gêsang | beda lan liya-liyaning | tan bisa mring Suralaya | yèn nora kalawan mati ||

--- 2 : 285 ---

65. Yèn Radèn Janaka iku | sakarêp-karêpe dadi | pratandha janma utama | tuhu musthikaning bumi | Mardadari ris turira | kakang ingsun ngrungu warti ||

66. Rahadèn Janaka iku | mring kadange aprajanji | kalima pisan ubaya | mati urip aja kari | papa arja wong lilima | lan manèh pangrungumami ||

67. Garwane padmi kang sêpuh | putri ing Mandura nagri | akèh ingkang para garwa | mung iku antuk prajanji | anjanmaa kaping sapta | nora pisah wong kakalih ||

68. Wusana kakang puniku | ngenak-enak nèng swargadi | tan eling kadang myang warga | dadi cidra ing prajangji | lali kadang warga§ Prayoginipun / garwa /. putra | saking kalimputing mukti ||

69. Kakang yèn mangkono iku | tan layak dadi kakasih | jare lalananging jagad | musthikaning wong sabumi | linuwih wong sabuwana | jêbule lonyo ing janji ||

70. Dadi wêkasane mêsum | (n)jalêbut kirang utami | dora dadi loking jana | sudi-sudine ngarani | mungguh yèn ta ingsun kakang | mimitra bae tan sudi ||

71. Kesawa ngandika arum | rara payo nuli mijil | mênèk sêlak kawênangan | Janaka manungsa luwih | pasthi nora kasamaran | Mardadari matur aris ||

72. Kakang ingsun durung tutug | mêngko sadhela lamun wis | tutug ênggonku tumingal | Kesawa ngandika aris | rara sêmune wong ika | tan samar mring sira mami ||

73. Rara payo age mêtu | umatur Kèn Mardadari | mokal kakang yèn uninga | Janaka manungsa yêkti | nadyan ingkang para dewa | mangsa wruha marang mami ||

74. Kesawa ngandika arum | yèn pra dewa bênêr tan wrin | nanging yèn Radèn Janaka | tan samar ing agal rêmit | sabab wus raga-bathara | tan loro datan sawiji ||

75. Ki dhalang nyêmpala gupuh | kêprak kêcèk lan ngêndhoni | gêndèr mungêl ada-ada | Janaka kumitir ririh | kèndêl ingkang ada-ada | ki dhalang carita malih ||

--- 2 : 286 ---

76. Wau ta KirithiKarithi. prabu | wus dangu dènnya mangèksi | yitma kalih rêrasanan | sariranya dènrasani | ingumpah dènundhamana | sang nata duka tan sipi ||

77. Jajabang-malatu-latu | kumêjot padoning lathi | yitma kalih anggraita | yèn sang prabu dahat runtik | ki dhalang nyêmpala kothak | sêsêg palajêngan muni ||

78. Yitma kakalih umamprung | Janaka tumêdhak aglis | saking ing dhampar kancana | jumangkah gya dèn-gondhèli | mring Supraba saha garwa | gangsa suwuk crita malih ||

79. Èh si nanêka ywa mlayu | tutugna wuwusmu dhisik | saparanmu dene dahat | mêjanani mring Prêmadi | dèntangguh aja lumajar | Supraba kagyat miyarsi ||

80. Kang raka duka kalangkung | umatur saha wotsari | pukulun wontên punapa | paduka yayah sinipi | sumbar-sumbar tan lawan |Kurang satu suku kata: sumbar-sumbar tanpa lawan. dhuh èngêta prabu mami ||

81. Pra garwa sadaya muwus | sri narendra dèn-gondhèli | pra sami matur ngrêrêpa | pukulun sri narapati | têka salah panggraita | punapa ingkang kaèksi ||

82. Sang nata ngandika asru | uculêna yayi dèwi | sun nora salah graita | layak sira tan udani | wus yayi padha kariya | pun kakang aminta pamit ||

83. Pra garwa kinipatkên wus | mungêl palajêngan malih | lumajêng sarwi ngandika | antènana ywa ngoncati | para garwa kang tinilar | karuna ngungun tan sipi ||

84. Kèn Supraba ngandika rum | wis padha mèndêla yayi | mokal yèn salah paningal | (n)jêng pangran manungsa luwih | pasthi tan salah graita | nêngna kang para absari ||

85. Ing Tenjomaya kapungkur | sang Parta tansah nututi | yitma kakalih lumajar | uninga yèn dèntututi | sang Parta tansah susumbar | mandhêga aywa ngoncati ||

86. Ing kene padha prang pupuh | sakarêpmu sunladèni | aja sira ngundhamana | arêp ngayoni Prêmadi | ngakuwa wong ngêndi sira | sapa jênêngmu cariwis ||

--- 2 : 287 ---

87. Mardadari langkung ngungun | dene sang Parta nututi | kinira datan uninga | ngandika sang maharêsi | tan linyok ujarku apa | si Janaka anututi ||

88. Duk mau manira tutur | gya ngêmpêt yitma kakalih | cumalorot kadi kilat | sang Parta tansah nututi | tutwuri saparanira | sarwi aso angêntèni ||

89. Wus pêrak ing dhepokipun | pratapan kang Sapta-wringin | yitma kalih musna ilang | sang Parta kecalan lari | ngungun mangu jroning nala | nanging mêksa nêdya ngungkih ||

90. Tan lêga raosing kalbu | kalamun nora pinanggih | suka matia nèng wana | wau ta yitma kakalih | wus sami manjing angganya | saengga tangining guling ||

91. Sang Kesawa pungun-pungun | lan ari Kèn Mardadari | lir kaduwung solahira | ya ta Rahadyan Prêmadi | dumrojog tanpa larapan | prapta ngarsane sang yogi ||

92. Ki dhalang nyêmpala dhrudhug | palajêngan suwuk nuli | ada-ada maksih sanga | kêprakhyakêpraknya. tinitir ririh | nutug dènya ada-ada | ki dhalang carita malih ||

93. Sang Kesawa lon umatur | ngaturan sênggang pambagi | ing wingking pundi pinangka | sintên sinambating wangi | aris nauri sang Parta | yèn sira tambuh ring mami ||

94. Arya Dananjaya ingsun | iya Rahadyan Prêmadi | Arjuna iya Palguna | Janaka Prabu Karithi | sinatriya Madukara | madyaning Pandhawa mami ||

95. Hèh sang tapa sapa ranmu | ya ta sang wiku duk myarsi | pangandikane sang Parta | angguguk aris nauri | dhuh babo saijab-ijab | jênênge têka (n)dhèwèki ||

96. Radèn (n)dangu nama ulun | kula botên gadhah nami | nunut paduka kewala | ingkang sampun sugih nami | sang Dananjaya duk myarsa | wangsulanira sang yogi ||

97. Sêmu duka dahat ngungun | dhasaring tyas durung lilih | nalika ambujung yitma | ngandika sru sêmu runtik | hèh sang tapa wruhanira | praptèngngongpraptèngong. ngarsamu iki ||

--- 2 : 288 ---

98. Ingsun ngupaya buronku | parane marene pasthi | sira ingkang nyingidêna | sang wiku aris nauri | tan wontên kidang mênjangan | sang Parta ngandika malih ||

99. Dudu kidang kang sun luru | manungsa lanang lan èstri | kang dèn-ungsi pasthi sira | hèh sang wiku aywa kumbi | yèn sira nora pasaja | dadi liru sira pasthi ||

100. Sang wiku alon umatur | radèn sumangga sakapti | têmên kula tan uninga | ya ta Rahadyan Prêmadi | sadangunira raosan | seje ingkang dèntingali ||

101. Sawingkingira sang wiku | unggyaning Dyah Mardadari | sang Parta datan darana | ngandika sru hèh sang yogi | sapa kang nèng wurinira | apa kadang apa rabi ||

102. Tuwin apa atmajamu | sang wiku duk amiyarsi | pangungunira ing driya | têku (ng)glathak pyayi iki | wasana aris turira | punika kadangkulèstri ||

103. Sang Parta ngandika arum | yèn mangkono sang ayogi | kadangira ingsun alap | arsa manira (ng)go rabi | sang wiku aris turira | radèn amba nyuwun runtik ||

104. Kadang-kawula puniku | sayêkti wus darbe laki | sun tan§ Prayoginipun / pan /. wêdi mring kang lanang | sira wiku ywa ngacuwis | pangomèlmu tanpa karya | cêkak bae ja ran kapti ||

105. Sira bangga apa nutut | yèn nutut kadangmu èstri | aturna jênêngmanira | yèn bangga ingsun ladèni | dak uja sakarsanira | ya ta sang wiku duk myarsi ||

106. Sangêt krodha lir tinunu | netra (n)dik ngandika wêngis | hèh si anêka gumampang | têka lumuh sunajèni | dumèh wong ngarga tinarka | tan wani marang priyayi ||

107. Iki tibane patimu | gangsa palajêngan muni | tinubruk kinêmah-kêmah | sinabêtakên waringin | binuwang wus tiba têbah | sang Parta wangsul marpêki ||

108. Kesawa krodha tumanduk | angundha sela saèsthi | sang Parta

--- 2 : 289 ---

binandhêm endha | nulya amênthang jêmparing | lumêpas astra tumama | sang wiku niba ngêmasi ||

109. Wangke musna tan kadulu | ayak-ayakan kang gêndhing | mêdal sang narendra Krêsna | mèsêm angawe kang rayi | sang Arjuna duk tumingal | gupuh dènnya malajêngi ||

110. Gapyuk anungkêmi suku | umatur saha wotsari | dhuh pukulun aksamanta | dene langkung kumawani | tan graita yèn paduka | sokur kapanggih basuki ||

111. Sri Krêsna ngandika arum | ya bangêt tarima-mami | kaipe nora kayaa | gawe prihatine ngati | Rêtna Sumbadra wotsêkar | mangraup padaning laki ||

112. Ayak-ayakan sinuwuk | nulya suluk lantik-lantik | yun gantya pathêt manyura | sakèndêling suluknèki | ki dhalang ngucapkên Krêsna | awawarti mring Prêmadi ||

113. Kaipe kawruhanamu | ing Cintakapura nagri | katêkan mungsuh prawira | Bambang Partadewa nami | dene kadang-kadangira | êmbuh mati êmbuh urip ||

114. Marma tilar prajanipun | tandya mundur Pandhusiwi | wara Sumbadra binêkta | dinunung nèng ali-ali | Krêsna nusul (n)jumantara | gambuh Kututmanggung gêndhing ||