Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 3 : [0] ---

SÊRAT CÊNTHINI LATIN 3

YAYASAN CÊNTHINI YOGYAKARTA

--- 3 : [i] ---

SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS)

Yasandalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta.

JILID III

Kalatinakên Miturut Aslinipun dening KAMAJAYA

[Grafik]

Penerbit: YAYASAN CÊNTHINI Yogyakarta, 1986

--- 3 : [ii] ---

Babon ingkang kalatinakên

Sêrat CênthiniDitulis dengan huruf Jawa.

SÊRAT CÊNTHINI

Koleksi: Balai Kajian Sejarah dan Nilai Tradisional Ditjen Kebudayaan Dep. P dan K Yogyakarta.

Penerbit: YAYASAN CENTHINI

* HAK CIPTA DILINDUNGI UNDANG-UNDANG

Percetakan: C.V. Percetakan "Surya Gading" Yogyakarta.

--- 3 : iii ---

PATHOKAN NGLATINAKÊN SÊRAT CÊNTHINI

Pathokan nglatinakên (transliterasi) Sêrat Cênthini kados ing ngandhap punika:

1. Dhasaring pathokan 'Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan', Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta 1977.

2. Pangalih-aksara muhung miturut aksara Jawinipun. Pramila wontên satunggal têmbung sêratanipun Latin warni-warni, kadosta:

sudigbya - sudibya;

masjid - mêsjid - masjit;

watak - watêk - watag.

3. Aksara Jawi kasêrat Latin:

caDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... c

daDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... d

dhaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... dh

jaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... j

yaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... y

nyaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... ny

thaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... th

4. Sandhangan swantên taling (e)Ditulis dengan huruf Jawa. dipunsêrat: /e/.

Swantên taling ingkang beda pamaosipun kaliyan /e/, kasêrat kanthi tandha (diakritik) /è/, i.p. tumrap têmbung-têmbung ingkang kaanggêp pêrlu dipunsukani tandha, kadosta:

Èmpêr - èmpèr;

Lêmpêr - lèmpèr;

Gêgêr - gègèr.

5. Sandhangan swantên pêpêt (ê)Ditulis dengan huruf Jawa. dipunsêrat /ê/.

6. Murih runtut saha gampil panglacakipun sabên pupuh dipunwêwahi angka urut: I, II (angka Romawi) sarta pada angka urut: 1, 2 lst.

--- 3 : iv ---

7. Angka urut kaca isining buku jilid 1 angka 1 dumugi tamating jilid 1, kaca 332. Ing jilid-jilid lajêngipun sabên jilid kawiwitan saking kaca 1.

8. Migunakakên têtêngêr:

( ): kangge ngapit perangan wêwahan, kadosta: (m)botên, (ng)gèr, (n)dadosakên.

(?): têtêngêr perangan ingkang mbotên cêtha utawi ingkang risak.

[ ]: ingkang wontên salêbêting têtêngêr punika, botên pêrlu kawaos.

9. Kalêpatan ing dalêm naskah, upaminipun: /gagal/ kaparingan tandha...*) ing wingkingipun, salajêngipun ing ngandhap wontên cathêtan (footnote): prayoginipun /gigal/ = dhawah.

--- 3 : v ---

ISINIPUN SÊRAT CÊNTHINI

Sêrat Cênthini jilid III punika isi 82 pupuh, wiwit pupuh 175 dumugi pupuh 256. ... kaca 1-346.

Urut-urutanipun saha gancaring cariyos kasbut jilid III wau kados ing ngandhap punika:

Mas Cêbolang dalah para santrinipun

I. Taksih sami wontên ing Mataram, mirêngakên dongèngipun Ki Cêndhanilaras bab Ki Harda ingkang pados sarat sagêdipun angsal kasugihan ing wana Roban ngantos kabul. ... kaca 1-6.

II. Ing Pondhokan kawontênakên pèngêtan Kolipun bapakipun Amat Têngara. Mas Cêbolang kalihan para santrinipun sami têrbangan, cakêpanipun mêmuji agami Islam. Para tamu sakalangkung kapranan. ... kaca 7-11.

III. Mas Cêbolang sowan Tumênggung Sujanapura, abdidalêm pujangga kraton Mantaram, angsal sêsêrêpan mawarni-warni. ... kaca 12.

Mas Cêbolang katuntun maos Sêrat Lokapala Kawi, dipun wêrdèni dening Ki Tumênggung, njujug wêjanganipun Rêsi Wisrawa dhatêng Prabu Sumali bab "Sastra Jendra Yuningrat" (Sastra Cêtha) ingkang dados kêkêraning dewa.

Pêrmusawarataning para dewa nyariyosakên:. ... kaca 13.

a. Hyang Basuki nêranakên wêjanganipun Pêksi Rukmawati bab cahyaning gêsang, anasir latu, bumi, angin, toya. ... kaca 14-21.

b. Bathara Basuki (Sriyana) bab pralambanging

--- 3 : vi ---

aksara Jawi, pasangan, sandhangan tuwin rekan.

c. Hyang Endra bab "ênêng-êning. ... kaca 21.

d. Bathara Wisnu bab lênggahipun aksara Arab ing awakipun manungsa, sarta minangka pralambanging ngèlmu agami. Dumadakan gègèr, jagad horêg, para jawata sami dhawah kantu, wungu sami kêsupèn ing sadaya ingkang winêdhar, kajawi Bathara Wisnu ingkang têtêp èngêt. ... kaca 22-24.

e. Miturut Ngusmanajid, gurunipun Wisnu, dununging bumi, dahana, maruta, tirta ing badaning manungsa awujud jasat, napsu, napas, rokyat ...23-24.

f. Hyang Guru ngêmpalakên sakathahing kawruhipun para dewa, kaimpun dados "Sastra Jendra Yuningrat" ingkang kajlèntrèhakên, ananging têtêp dados kêkêraning dewa. ... kaca 25-31.

IV. Mas Cêbolang nyuwun priksa bab Prabu Brawijaya ing Majapait ingkang kasuwun dening para putra pulunanipun supados gantos agami Budha dados Islam, nanging botên kêrsa. Ingkang makatên wau punapa kenging kawastanan nêtêpi wêwaton Sastra Jendra? Wangsulanipun Tumênggung Sujanapura: "Walahu 'alam, jêr sang prabu tinakdir Kalipahing Suksma". ... kaca 31-33.

V. Tmg. Sujanapura nêrangakên bab petangan warni-warni: 1. Nyumêrêpi dhawahing tanggal sapisan wulan ngajêng; 2. Ngupadosi angkaning taun, windu, kurup, dalah watakipun; 3. Ngupados nama dhêdhasar aksara Jawi; 4. Petang jêjodhoan dhasar dintên sarta pêkênan lairipun têmantèn jalêr èstri sarta dhêdhasar namaning têmantèn kêkalih miturut aksara Jawi. ... kaca 34-40.

--- 3 : vii ---

VI. Mas Cêbolang kaprayogèkakên nilar praja Mantaram jalaran kathah rubedanipun, mila ugi lajêng pamit. Taksih wontên ing griyanipun Amat Têngara, Mas Cêbolang kapanggih Ki Ajar Sutiksna ing Kêpurun, kaparingan katrangan bab petang: Pati-dina, Rakam, tuwin bab Main Kartu. ... kaca 41-50.

VII. Mas Cêbolang dalah para santrinipun tuwin Amat Têngara lumampah mangetan dumugi ing dhusun Kêpurun, sipêng ing dalêmipun Ajar Sutiksna, kaparingan katrangan warni-warni:. ... kaca 50-54.

1. Bab pamilihing wanita minangka jodho adhêdhasar: bibit, bèbèt, bobot. ... kaca 54-55.

2. Bab candraning wanita wontên 21 warni; Tandha-tandha ciri awon saening wanita. ... kaca 55-57.

3. Bab pangrêngkuhipun dhatêng pawèsni, panduking asmara, patraping sarêsmi murih marêm lan manfaat, sarta êmpaning Asmaragama. ... kaca 58-70.

4. Bab tumètèsing wiji ngantos dumadosing bayi, jalêr, èstri, kêmbar; prayogining sarêsmi. Amat Têngara mantuk. ... kaca 71-77.

5. Pitutur murih anggènipun dados priyayi lan ngangkah kasugihan, lêpat bilih kanthi sarat sarana mardhukun lss. Ingkang prayogi namung labuh labêt dhatêng ing pakaryan, ngatos-atos, kanthi pangawikan 8 prakawis. ... kaca 78-80.

6. Bab sumêbaripun kawruh agami Islam ing Tanah Jawi manut pêpiridan wiwit sedanipun Sunan Ngampèl, para wali lajêng sami ngrêmbag ngèlmu Kajatènipun Pangeran: Cariyos bêdhahipun Giri ngantos lolosipun Jayèngrêsmi, Jayèngsari tuwin Rancangkapti; Wêjangan 8 pangkat ingkang

--- 3 : viii ---

kaparingakên dening Kangjêng Sultan Agung namung dhatêng panêmbahan Rama ing Kajoran. Mas Cêbolang kaprayogèkakên maguru dhatêng Kajoran. ... kaca 81-84.

VIII. Mas Cêbolang dumugi ing Prambanan, nyipêng griyanipun Lurah Harsana. Ningali Candhi Sèwu, Candhi Jonggrang sarta mirêngakên dongèngipun wiwit jaman Prabu Dewanata ing Pêngging, Prabu Dipanata ing Salêmbi mêngsah Prabu Karungkala ing Prambanan ngantos Bandung Bandawasa nyipta Candhi Sèwu lan Rara Jonggrang dados rêca.

Ing nalika ingkang jumênêng ing Prambanan Prabu Baka, kêrsa nglalipur panggalih kanthi abên sawung. Sang pramèswari kalihan para garwaning abdidalêm ngawontênakên lêlangên abên gêmak lan abên kêmiri. Punika wiwitipun ing Tanah Jawi wontên lêlangên abên-abên wau. ... kaca 85-131.

IX. Mas Cêbolang kalihan para santrinipun sami nglajêngakên lampahipun dumugi ing Kajoran, njujug mêsjid kapanggih lan nyipêng ing griyanipun Kyai Ngabdulmartaka. ... kaca 132-134.

1. Kyai maringakên Sêrat Suluk Hartati, ingkang maos Nurwitri. Sêrat wau mawi aksara Pegon (Arab tanpa sandhangan), nyariyosakên: Ki Hartati mêdharakên ngèlmunipun bab asal-usulipun tiyang, wiwitipun saking "ora" lumantar bapa-biyung, nanging bapa-biyung botên sami niyat anak-anak, kajawi namung nuruti hardaning kêkajêngan. Dhawahing raos mulya andadosakên wiji ingkang saya agêng, wiwit ing guwa-garbaning biyung ngantos lairipun jabang bayi; katêrangakên bab "sangkan paraning dumadi" kanthi sadaya pêrlambang lampah-lampah

--- 3 : ix ---

anggayuh kasunyatan. ... kaca 135-138.

2. Mas Cêbolang nyuwun lan kaparingan katrangan bab: a. Petangan Bangas; b. Petangan dintên sae, cêkapan lan dintên pêjah. ... kaca 139-142.

X. Mas Cêbolang dalah para santrinipun kasowanakên Panêmbahan Rama ingkang ugi kasêbat Pangeran Kajoran.

1. Kaparingan katrangan kêplasing wêjanganipun Ajar Sutiksna ing Kêpurun, bab: 1. Dumadining wiji; 2. Jumênêngipun sang Aku (Ingsun); 3. Dat, Sipat, Apngal, Iradat; 4. Ruh-Ilapi lan sadaya bab ngèlmu kasunyatan. Ugi bab isinipun Sêrat Bayan Alip, Tasawup, Hidayat Jati, Insan Kamil, Kalêbêt Tatamalige Batal-makmur, Betal-mukaram, Betal-mukadas; babaring rahsa; Pambukaning Asmaragama; Tataran umuring bayi ing kandhutaning ibu dumugi lairipun.

Ugi bab lampah tirakat lan undhuh-undhuhanipun ing têmbe; Panyêgah sawarnining hawa napsu; Pambêngkasing raos sêdhih. Botên kantun bab Dalil, Kadis, Ijêmak, Budi luhur saengga tumuju dhatêng Sifatulah; bab panêguh iman, kapir, Islam. ... kaca 144-145.

Wêjangan kêrohanian: Sasahidan; lampahing ngagêsang dumugining pêjah.

Taksih kathah sanèsipun, sadaya arupi wêjangan utawi tuntunan dhatêng kajatènipun Gusti Ingkang Mahakuwasa. Prasasat katumplak ngèlmunipun Panêmbahan Rama dhatêng Mas Cêbolang ingkang kinasih. ... kaca 145-179.

2. Panêmbahan Rama ngêndikakên bab margining kamuksan ingkang sakalangkung rumit. Wêjanganipun dhapur dongèng

--- 3 : x ---

rêrêmbaganipun Gêmak, pêksi Pêrkutut tuwin Platukbawang. Têtiganipun sami rêraosan bab ngèlmu kasunyatan adhêdhasar Dalil-dalil Kur'an. Mikradipun Kg. Nabi Muhammad, sarta sawatawis kitab Tasawuf. Ugi kacariyosakên rêmbagipun Ulêr-jêdhung kalihan sawêr bab gêsangipun. Ulêr dados ênthung, lajêng santun warni dados kupu; dene sawêr anglungsungi. Kalih-kalihipun kanthi lampah tapabrata ingkang pantês dados têtuladaning manungsa anggayuh kasampurnan. Kasambêt rêmbag kalihan pêksi Urang-urangan bab pakartinipun Pancadriya lan sanès-sanèsipun. ... kaca 179-198.

XI. Mas Cêbolang dalah santrinipun nyuwun pamit nglajêngakên lampah. Dumugi ing wana, angsal pasipêngan ing planggrongan (gubug inggil ing sêla-sêlaning kêkajêngan). Ingkang manggèn Ki Wrêksadikara, abdidalêm Lurah kalang-kamplong. Ki Kalang suka katrangan bab:. ... kaca 199-202.

1. Wiwitipun tiyang Jawi damêl griya saking kajêng nalika jaman adipati Santan, jaman Prabu Jayabaya ing nagari Mamênang. ... kaca 202-203.

2. Jinisipun kajêng wontên 11 lan katêrangakên cara pamilihipun. Sarta wontênipun kajêng jati ingkang dados sirikan. ... kaca 203-207.

3. Bab praboting griya: cagak, usuk, rèng, pangêrêt lss, ngantos tuntas. Wanguning griya: Joglo, Limasan, Kampung tuwin Masjid. Payoning joglo warni 7, Limasan warni 10, Kampung warni 9, lan Masjid warni 3. Ukuraning griya lan pêpetanganipun, Pancasuda. Bab cathokaning griya. Mas Cêbolang dipun sukani têrbang wacucal kidang 2 iji. ... kaca 208-235.

--- 3 : xi ---

Mas Cêbolang nêrangakên warni-warnining gêndhing têrbangan, wontên 44 warni. Sadèrèngipun nglajêngakên lampah, dalunipun sami têrbangan gayêng, dipun tingali dening para abdidalêm Kalang, rèh-rèhanipun Ki Wrêksadikara. ... kaca 236-240.

XII. Lampahipun Mas Cêbolang kanthi para santrinipun dumugi ing dhusun Têmbayat, kapanggih Modin Ki Sahabodin.

1. Mas Cêbolang kaêtêrakên Ki Modin jiyarah ing pasareyanipun Pangeran Pandhanarang lan pasareyanipun Sèh Domba ing rêdi Cakaran. Ing Pasareyan Têmbayat lan Cakeran wau Mas Cêbolang uluk salam, têka kapirêng wangsulanipun, andadosakên eramipun Ki Modin. Mas Cêbolang nêrangakên maksud lan maknanipun "salam". ... kaca 240-244.

2. Salajêngipun Ki Modin nyariosakên sêjarahipun Ki Gêdhe Pandhanarang wiwit taksih dados bupati Sêmarang engga manjing dados muridipun Kangjêng Sunan Kalijaga, kadhawuhan tilar praja dêdunung ing Têmbayat. Ing margi kabegal, nêdahakên ingkang mbêkta bandha garwanipun kasimpên ing têkênipun. Sasampunipun Nyai kabegal, lajêng dhatêng begal sanèsipun nama Sambangdalan. Dipun wangsuli bilih Ki Gêdhe Pandhanarang botên mbêkta barang pangaos, sang begal nekad tansah bêngok-bêngok. Wêkasan kasabda kados "menda" lan saèstu dados menda, têrus ndhèrèk dumugi Têmbayat, kadhawuhan ngangsu ngisèni kolah. Saking sêtyanipun nêtêpi dhawuh, wêkasan dening Sunan Kalijaga karuwat wangsul dados manungsa, kaparingan

--- 3 : xii ---

nama Sèh Domba. Ingkang jumênêng ing Têmbayat sapunika putranipun Ki Gêdhe Pandhanarang, kasêbut Pangeran Têmbayat. ... kaca 245-253.

3. Sang Pangeran paring katrangan dhatêng Ki Sahbodin bab wilujêngan tiyang pêjah sarta kawontênanipun mayit sasampunipun 3 dintên, 7 dintên, 100 dintên, mêndhak sapisan, mêndhak 2 taun lan 1000 dintên. ... kaca 254.

4. Mas Cêbolang tuwin para santrinipun kasowanakên Pangeran Têmbayat ingkang sawêg lalênggahan kalihan tamunipun ingkang sampun yuswa, wasta Kinom, abdidalêm êmpu ahli tosan aji, putra kapenakanipun Sunan Kalijaga. Êmpu Kinom nêrangakên bab dhuwung: têgêsipun têmbung dhuwung lss., bab ricikanipun, dhapuripun dhuwung lan watakipun, sakalangkung kathah ananging wijang.

5. Pangeran Têmbayat nêrangakên: bab Sangat Nabi, petangan Tatal, dintên sae lan awon. ... kaca 255-271.

6. Kalêrêsan ing dintên wiyosanipun P. Têmbayat kawontênakên wilujêngan. Kados adat kathah têtiyang sami sowan. Mas Cêbolang sarencangipun mitontonakên kasagêdanipun mawarni-warni, kalêbêt "sihir" ingkang damêl eramipun tiyang kathah. ... kaca 272-292.

7. P. Têmbayat maringi katrangan bab: fasik, munafik, kafir, najis, mêkruh, laelatul-kadar, kêndhuri malêm Idul Fitri, siyam ing wulan Bêsar lan kurban kekah. ... kaca 293-296.

XIII. Mas Cêbolang tuwin para santrinipun nglajêngakên lampahipun tumuju Pranaraga. Saking katêbihan sumêrêp cahya nêlahi, nanging sarêng

--- 3 : xiii ---

dipun cêlaki, cahya wau ical. Lajêng kapanggih Ki Wanakarta, muridipun Ki Pujangkara ing Mataram, ingkang maringi sêsêrêpan warni-warni:. ... kaca 297-299.

1. Wataking wanita katitik dintên lan pêkênan lairipun. ... kaca 300-306.

2. Petangan dintên sae adamêl sumur. ... kaca 306.

3. Jangkanipun Kraton Mataram badhe pindhah ngantos têmbenipun pindhah dhatêng Kartasura. ... kaca 307.

4. Dasanama saranduning badanipun manungsa lss, sakalangkung kathah. Ugi dasanamaning satokewan, sêsêbutaning ratu sarta abdidalêm sapangkat-pangkatipun. ... kaca 308-320.

5. Bab jampi sakit mawarni-warni, saking Nyai Wanakarta. Ugi bab dintên ingkang sae namakakên jampi. ... kaca 321-330.

6. Uran-uran bab watak-watak ingkang awon. ... kaca 330-331.

XIV. Mas Cêbolang sarencangipun nglajêngakên lampah dhatêng Pajang, kapanggih abdidalêm mêthakan, nama Ki Mastuti ingkang nêrangakên:. ... kaca 332.

Silsilahipun Sultan Pajang wiwit Prabu Brawijaya Raja Majapait ingkang wêkasan nandhang gêrah rajasinga sagêd mantun sarana ngrasuk wanita Wandhan, malah pêputra Bondhankajawan sinêbut Lêmbupêtêng dipun êmong dening Kiagêng Tarub. Salajêngipun ngantos dumugi Sultan Agung ing Mantaram. ... kaca 333-338.

XV. Mas Cêbolang jiyarah dhatêng pasareyanipun Kiagêng Ênis ing Laweyan, kaêtêrakên Ki Mastuti. Ing mêsjid Laweyan kapanggih Ki Ngabdul Antyanta ingkang sawêg katamuwan adhinipun, nama Ki Sali saking dhusun Sala. ... kaca 339.

--- 3 : xiv ---

Ki Sali nêrangakên Jangka Jayabaya, wiwit Prabu Jayabaya maguru Maulana Samsujèn. Ing dalêm jangka wau jaman kabagi dados 3 jaman, laminipun sajaman 700 taun. Sabên-sabên jaman wau kabagi malih dados 7 jaman alit-alit. Jangka wau nêrangakên kawontênaning jaman satunggal-satunggalipun ngantos dumugi akir jaman, kiyamat kobra. ... kaca 342-346.

--- 3 : 1 ---

SÊRAT CÊNTHINI III

175. PocungTeks asli: Pucung.

1. Pan apanggih sianak kaliyan tamu | Ki Mase Cêbolang | lan rencang sakawan santri | ah wangune boya lidok pêthèkingwang ||

2. Kyai Amat gumuyu mangsuli èstu | Ki Cêndhaniraras | sasalaman ganti-ganti | sadangune lumampah kojah-kojahan ||

3. Nulya uning wisma gung bagus kalangkung | amangku radinan | bango pisang-slirang thirik | Mas Cêbolang tanya mring Amat Têngara ||

4. Baya niki adhi wismaning tumênggung | o lha sanès kakang | mung wismane tiyang sugih | anak randha anama Bagus Hartawan ||

5. Sak-Mantarum datan wontên saminipun | kilap darunanya | cobi tanya Ki Cêndhani | tamtu mirsa ingkang dadya ing jalaran ||

6. Ki Cêndhaniraras anambungi wuwus | mangke kula crita | jalarane langkung sugih | kalih mlampah dados botên kraos sayah ||

7. Kyai Hardasangsara kala rumuhun | mêskine kalintang | lajêng mêrês tekatnèki | angupados sarat sugih dhatêng Roban ||

8. Kesahipun numpal-kèli nunut-nunut | kalangkung kasrakat | tan sangu arta sadhuwit | lami-lami praptèng têpi wana Roban ||

9. wontên dhukuh anggarêmbêl tinon samun | nulya linêbêtan | panggih jalma kaki-kaki | nama Sarasêdya kinanthi mring wisma ||

10. Munggèng salu ki wisma atanya arum | kang nêmbe kapanggya | sintên sinambat ingkang sih | lawan pundi pinangka paran sinêdya ||

--- 3 : 2 ---

11. Kang tinanya aprasaja aturipun | nami wismanira | miwah kang sinêdyèng kapti | pados sarat sagêtipun andêrbala ||

12. Angling malih kyai wisma basanipun | kapasang sayogya | kula jurukuncinèki | napa têmên kang dadi karêp andika ||

13. Lan maninge sapa kuwat godhanipun | Ki Harda saurnya | sampun kang dhumatêng sakit | nadyan pêjah lêbur-luluh kula têmah ||

14. Rèh wus mantêp kula criyos lampahipun | mangke lamun panggya | lan kiyai kang sung sugih | sasampuning kula ngaturakên (n)dika ||

15. Putranipun èstri kathah ayu-ayu | kinèn amangarsa | (n)dika lajêng kinèn milih | yèn wus milih nuntên anampèni dhawah ||

16. Wus tartamtu andika pinundhut mantu | nanging dhinawuhan | rêrêsik sajroning panti | jogan (n)jêmbrung kêndhi tanpa isi toya ||

17. Lamun sampun kalampahan jogan (n)jêmbrung | wangsul mring wismèngwang | lajêng kula irit malih | sowan kyai ingadhêp putra satunggal ||

18. Warni awon badan bangkrah ambêt arus | nanah wuk dlèwèran | nyrêmumuh (m)blêdhag kang kulit | sampun ical sipating jalma manungsa ||

19. (ng)Gih punika kang (n)dika pilih rumuhun | nulya kinèn (m)bêkta | umantuk dhumatêng panti | praptèng wisma kamanggènnakapanggènna. kang prayoga ||

20. Lah punika makatên ing badhenipun | wawi sami mangkat | Ki Sara lumakyênglumakyèng. ngarsi | (m)bêkta dupan Ki Hardasara tutwuntat ||

21. Sampun prapta satêngahing kang wana gung | ngandhaping wit kamal | kumêlun padupanèki | sawatara byar katon sajroning wisma ||

22. Dhapur tajug ginêlaran kalasa lus | wontên kang pinarak | Kaki Wrêdha mêrakati | sampun ciklu kadi pandhita utama ||

--- 3 : 3 ---

23. Kêthu pêthak sarung kusta jubah pingul | pinarak ing têngah | lajêng ngawe jurukunci | wus mangarsa manêmbah alon turira ||

24. Sowanulun angaturkên anak bagus | sêdya ngèstupada | nyuwun bêrkah ing (n)Jêng Kyai | kadugèna punapa sakajatira ||

25. Kyai pikun mèsêm sarwi manthuk-manthuk | iya daktarima | aku uga tresna asih | aja tanggung malah dakpèk mantu pisan ||

26. Jurukunci nolèh pungkur wacana rum | anak wus miyarsa | pangandikane (n)Jêng Kyai | kang tinolèh matur wus (n)dhèrèk sakarsa ||

27. Tan antara atmajane pindha wiku | para dyah warnèndah | karêngga busana adi | samya marêg jèjèr awiraga raras ||

28. Pindha wiku angling iki atmajaku | êndi kang dadya tyas | pilihên salah sawiji | Kyai Hardasangsara matur manêmbah ||

29. Ingkang cakêt paduka punika rujuk | (n)jêng kyai ngandika | apa uwis ora pangling | inggih sampun donya akir tan kalepyan ||

30. Yèn mangkono kulup wis muliha gupuh | sapraptamu wisma | isihhing§ Prayoginipun / isining /. ngomah dènbêrsih | jogan (n)jêmbrung kêndhi datan isi toya ||

31. Lamun uwus barêsih wismanirèki | banjur abalia | lan (ng)gawaa saput pranti | ing dhaupmu kalawan arinta rara ||

32. Kang sinung ngling nêmbah sandika turripun | byar katingal wana | dyan mantuk lan jurukunci | praptèng wisma ki juru alon lingira ||

33. Benjing wangsul (m)bêktaa arta salangkung | dene yèn tan gadhah | kula ngêjogi rumiyin | amung têmbe tamtu nyaur sampun cidra ||

34. Wus sinanggup Ki Harda gancangan mantuk | sapraptaning wisma | anyingkirkên anak rabi | wus barêsih nulya wangsul dhatêng Roban ||

35. Wus pinangguh jurukunci tanya bagus | napa (m)bêkta arta | saèstunipun kiyai | botên (m)bêkta nyuwun pitulungan para ||

--- 3 : 4 ---

36. Inggih anak sampun sumêlang ing kalbu | jrukunci marentah | mring rabi myang warganèki | dènsamêktadèn samêkta. besuk ing malêm Jumuwah ||

37. Dhaupipun anakku kang nêmbe rawuh | Mas Hardasangsara | kalawan putrane kyai | pasang tarub sajèn-sajèn kaya adat ||

38. Nulya tapuk kadya carane yun mantu | samêkta sadaya | malêming Jumuwah ari | ing pandhapa myang wisma pating palêncar ||

39. Têngah dalu kêndhuri sêkul majêmuk | wusing byar raina | ki jurukunci lumaris | sarwi ngirit kang ayun nampi ganjaran ||

40. Amamêling anak mangke mantukipun | sampun botên susah | akampiramampir. ing wismamami | wontên margi tan mawi mampir-mampira ||

41. Myang ing têmbe bilih wus kalakyan dhaup | dados rayat (n)dika | punika kang ngati-ati | sampun purun lamun pinintan asmara ||

42. Kasanggiya krama kewala (ng)gih sampun | dene yèn wus cêlak | sakintên antara lalis | lah punika sawêg (n)dika turutana ||

43. Bilih botên makatên apan tartamtu | (n)dika nandhang bangkrah | (m)botên jamak-jamak jalmi | yèn tan bangkrah saèstune lajêng pêjah ||

44. Sampun sanggêm sapraptaning ing wana gung | nèng ngandhaping kamal | kumêlun padupanèki | wus katingal nèng wisma ngadhêp pandhita ||

45. Datan dangu atmaja dyah juga mêtu | ganda balarongan | badhêg arus kêcing bacin | badan bangkrah daging (m)blêdhag mili nanah ||

46. Gruyuh-gruyuh lalêr kadi tawon kambu | (n)jêng kyai ngandika | kulup apa ora pangling | apa iya iku kang kok pilih mana ||

47. Kang tinanya èstu (m)botên pangling ulun | lêrês (ng)gih punika | kang kula pilih rumiyin | lah ta rara mèlua bojomu ika ||

48. Hèh ta kulup wis tampanana bojomu | rahap tinampanan | kanthèn mêdal saking panti | byar nèng wana rayatipun wus waluya ||

--- 3 : 5 ---

49. Ganda arum warna yu busana luhung | lajêng lampahira | tan dangu prapta ing panti | (n)jujug sênthong tanggane tan na uninga ||

50. Sang rêtna ngling manis gapyak lukita rum | guru lakiningwang | punapi inggih puniki | wisma tuwan iya iki wismaningwang ||

51. Dhuh ki raka sarèhning wus uning ulun | mugi akantuna | kula wangsul mring asrami | amung sabên malêming ari Jumuwah ||

52. Lan malême Anggarakasih puniku | ing sênthong punika | rinakita kang barêsih | gêlarana klasa lus sêkar sêtaman ||

53. Dilah murub padupane aywa kantun | dhuh woding tyasingwang | parentahmu daklakoni | risang pindha apsari wus tan katingal ||

54. Malêmipun Jumuwah prapta sang ayu | (n)jujug pasênêdan | Ki Sangsara amanggihi | sang rêtna ngling ki raka ijêngandika ||

55. Punapi tan darbe rayat miwah sunu | saèstune gadhah | nanging uwis dak buwangi | awit ajrih manawa kataman duka ||

56. Sang rêtna yu ngujiwat anyiwêl pupu | kula botên watak | prayogi dipuntimbali | mêsakake wong wis mèlu lara-lapa ||

57. Iya yayi lamun wis ana dhawuhmu | Ki Harda gya mentar | anak rayat dènboyongi | praptèng wisma makidhupuh dènnya marak ||

58. Mung suwara datan katingal kang wujud | (m)bakyu apa iya | sira rayate ki panti | lêstarèkna (ng)gonmu ngladèni ki raka ||

59. Mung wêkasku poma èstokna satuhu | aywa nganggo sira | bangun-tulak gadhung-mlathi | kang sinung ngling umatur inggih sandika ||

60. Sang rêtna-yu anulya pamitan mantuk | pêndhaking Jumuwah | prapta kadi kang rumiyin | wacana rum ki raka wisma paduka ||

61. Têka (n)jêmbrung datan wontên isinipun | yayi kaya paran | ênggonku ngisèni panti | kang dak pangan sadinane dêngap-dêngap ||

62. Angujiwat sang ayu wacana arum | lah benjing kewala |

--- 3 : 6 ---

malêmipun (ng)Garakasih | pojok griya sakawan pinasangana ||

63. Bumbung wulung watês êros panjangipun | têmbe isinira | tinukokna prabot pranti | wusnya mêling sang dyah wangsul mring asrama ||

64. Pojok catur wus tinrapan bumbung wulung | (ng)Gara kasih enjang | gupuh dènnira mêndhêti | bumbung catur kêbak uwang mas salaka ||

65. Kyai wisma suka amarwata sunu | ing samarganira | rêjêki lajêng (n)dalidik | karya wisma kadi dalêming bupatya ||

66. Rajabrana uwang tan kêna ingetung | sabên malêm Jumungah |Lebih satu suku kata: sabên malêm Jumngah. atanapi (ng)Garakasih | sang dyah ayu kang sung brana dènnya prapta ||

67. Datan kêndhat miluta minta pulang hyun | nanging Ki Sangsara | bakuh mung anyanggi-krami | amituhu jurukunci wêlingira ||

68. Lami-lami bokmanawi sampun nyathuk | lawan takdirira | ki wisma têka nuruti | asalulut enjinge lajêng palastra ||

69. Waris amung satunggal anake jalu | lawan biyangira | kasugiyannya lêstari | nanging datan pinundhut kinathik garwa ||

70. Lawan botên sasaji kadi rumuhun | namung sabên warsa | alêstantun kintun picis | dhatêng jurukunci salawe rupiyah ||

71. Sampun cuthêl ênggèr ing cariyosipun | (n)dawêg asewangan | myang sami andum basuki | (ng)girisakên kasugiyan saking setan ||

176. GirisaKonvensi Girisa terdiri delepan baris dan selalu berakhir bunyi 'a', tetapi pupuh yang berikut banyak bunyi akhir baris yang menyimpang (lihat juga catatan kaki Kamajaya pada bait 24 di bawah).

1. Apan praptanira wisma | wanci waktu Mahrib ika | ing sabakdanira Ngisa | nahan bok Amat Têngara | ngacarani tamunira | lah anak suwawi nêdha | pun biyang kangên kalintang | de ngantos lami rêrencang ||

2. Mangke sabibaring nadhah | bilih sami botên sayah | kalêrês êkoling yayah | ulun sampun olah-olah | padatan pra tamu kathah | Mat Têngara latah-latah | ngucap Astagpirolah |Kurang satu suku kata: angucap Astagpirolah. ingsun kasupèn sa-Allah ||

--- 3 : 7 ---

3. Mèsêm ling Ki Mas Cêbolang | adhi inggih kasinggihan | prayogi sami lênggahan | asasambèn tarêbangan | wawi sami ingicipan | sawarnining sasêgahan | wusing nadhah dhadhaharan | dyan mirantos palinggihan ||

4. Tamunya wus samya prapta | para kêtip myang ngulama | modin marbot sarta tangga | kang samya sarju ing nala | linggih urut pangkatira | Mat Têngara gita-gita | mêrnahakên ingkang prapta | lumintu sasêgahira ||

5. Ki Mas Cêbolang tumuntur | amanggihi saha matur | wilujêng kalangkung sukur | tan pantara santri catur | samya majêng saha matur | tarêbang ngêncêngi pluntur | wusnya kêncêng nulya katur | tamu ngulama Dul Gapur ||

6. Nanging Dul Gapur tan arsa | wis ta padha narêbanga | aja ana taha-taha | Bismilah payo kawita | Nurwitri ingkang abawa | pasèh swara tan kuciwa | rame kadi sabênira | pra tamu kêtip ngulama ||

7. Eca sami saraseyan | sinambi anyanyamikan | Cêbolang ingkang tinêmbang | anak wontên ngêl-ungêlan | sabar aris ati antêng | andhap narima wirangan | angangge panggawe bêcik | kusut nganggo panganggenya ||

8. Asih padhaning manungsa | ngapura kaluputannya | duk rikala prajangjean | angulihakên titipan | arampekan atabêri | tutur bênêr ora cidra | panggawe kang apaedah | iku ngèlmu lawan sarak ||

9. Kadiparan surasanya | Mas Cêbolang aturira | saking ing pamanggihkula | punika yèn condhong karsa | nahan pra tamu sadaya | samya anilingkên karna | dènnira ayun miyarsa | suwara ingkang winahywa ||winahya.

10. Sabar aris ati antêng | punika bêtah myang tahan | paramarta angaksama | madhêp ing Allah Tangala | datan èngêt ing lyanira | de andhap nrima wirangan | lair narima kasoran | nanging boya nguthuh nistha ||

11. Batin (m)bêg luhur sanyata | de nganggo panggawe bêcik | nglampahi panggawe ingkang | kaanggêp sae mupakat | mênggahing [mêng...]

--- 3 : 8 ---

[...gahing] pranatan sarak | kusut nganggo panganggenya | punika ingkang manungsa | ajrih asih ing Hyang Suksma ||

12. Ing lair trus batinira | amangangge (ng)gèn-anggènnya | kang winênangkên tyang Islam | sandhang têdha kalakuwan | de asih§ Prayoginipun / dèn-asih /. padha manungsa | anyuwunkên pangapura | ing sakèhing dosanira | ing tiyang Islam sadaya ||

13. Kang gêsang tuwin kang pêjah | ing lair amurih tobat | de ngapura§ Prayoginipun / dèn-ngapura /. kluputannya | puniku ugi bêtahan | paramarta angaksama | madhêp ing Allah kang sarta | tan èngêt mring liyanira | kang miawon ingaksama ||

14. De duk kala prajangjian | punika janjian lawan | ing Gusti Allah Tangala | kala jaman ajal ika | ing alam arwah sanyata | utawi jaman Duriyat | de angulihkên titipan | titipane Allah ika ||

15. Roh rabani roh nurani | roh rahmani roh nabadi | tuwin roh badan ilapi | roh yyawani roh tamiyis | roh rewani roh kulupi | ingkang roh sasanga iki | punika ingkang mêngkoni | sadaya pan roh ilapi ||

16. Tartamtu mantuk mring Allah | sampun samantên kewala | mangkya rampèkan têhêrnya | angrakêtakên ing mêngsah | tuwin tiyang sudra papa | kaswasih tan na bineda | inganggêp kadang sadaya | nir sangga-runggining driya ||

17. De tutur bênêr tan cidra | pitutur anggêring sarak | mirit saking Dalil Kur'an | Kadis Ijêmak myang Kiyas | dene panggawe kang ana | paedahe (ng)gih punika | tuhu anglampahi ingkang | kawajibakên ing sarak ||

18. Myang kang sinunatkên ing sarak |Lebih satu suku kata: Myang kang sinunatkên sarak. nyêgah awisan sadaya | kang badhe damêl niaya | ing badanipun priyangga | tuwin mring tyang sasanèsnya | pungkasan ngèlmu myang sarak | kawruh sasêrêpan marang | khukum-khukum miwah sarak ||

19. Pranatan myang paprentahan | kang trang saking Gusti Allah | lumantar ing pra ambiya | Kangjêng Nabi kang minulya | lah sampun namung punika | gayuhinggaduking. pamanggih kula | lêrês

--- 3 : 9 ---

lêpate sumangga | suka kang samya miyarsa ||

20. Dhaup ki anak Cêbolang | kalawan pamanggihingwang | gosok godhi botên nyimpang | dhuh anak wawi winêdhar | Dalil Kadis lan Ijêmak | Kiyas kibir ujubriya | sumêngah sami rinasa | Cêbolang manis wacana ||

21. Kanang Dalil têgêsira | Dalil Kur'an (ng)gih punika | pangandikaning Hyang Suksma | kang asal saking ing Sabda | ananging datanpa swara | miwah datan mawa sastra | tanpa tinêmbungkên kathah | tan purwa datan wasana ||

22. Langgêng botên ewah-ewah | ingkang katêdhakan marang | panggalihe Nabi duta | lalantaran lesanira | Malaekat Jabrailla | akanthi suwara sastra | têmbung wiwitan wêkasan | kang asung têdah sanyata ||

23. Kêdah khukum wajib mokal | sunat wênang mêkruh karam | artine Dalil punika | anggêr-anggêr kang atêdah | ing salêrêsing khukhumah | utawi sabarang tingkah | ingkang badhe linampahan | mêndhêt saking dhawuh Allah ||

24. wontên lapalipun uga | nahnu akrabuilèkum |§ Wanda pungkasan gatra punika / kum / = dhawah 'suku', mangka sêkar Girisa pancènipun dhawah 'lêgêna'. wakinna latup sirana | makna ngandikaning Allah | marang Kangjêng Rasullolah | Sun iki parêk lan sira | katimbang lan sadayanya | nanging sira tan uninga ||

25. Ponang Kadis têgêsira | ngandikaning Nabi duta | ananging ingkang na liya | saking gagêbêngan ingkang | kakaranganipun Kur'an | kang dèn-dhawuhkên sadhengah | sakabating Rasullolah | ingkang nocoki kalawan ||

26. Suraosing dhawuh Kur'an | pramila Kadis minulya | sumêrêpipun yèn nyata | saking Nabi gustikitagusti kita. | kêdah saking pra sakabat | kang sinung sabda (n)Jêng kita | miturut dugi samangkya | yèn tan têrang èstu dosa ||

27. Artose pamanggihkula | Kadis wau dhawuhira | (n)Jêng Nabi Muhamad duta | Dalil Kadis arannira | lapalipun lae saka | miskihi sae-aun wa | -huwas-samingul basira | dene maknane winarna ||

--- 3 : 10 ---

28. Satuhune Allah boya | ana ing upamanira | iya Allah kang miyarsa | ningali tan kasamaran | nahan kang samya miyarsa | Mas Cêbolang ngandikanya | manthuk-manthuk sukarêna | anak para lajêngêna ||

29. Mangkya Ijêmak têgêsnya | mupakatna pra ngulama | langkungipun saking tiga | sami nocogi sadaya | suraosing Dalil Kur'an | tuwin Kadis Rasullolah | tumraping dhatêng Khukumah | utawi sadhengah tingkah ||

30. Bilih wontên tiyang ingkang | anyuraos Dalil Kur'an | myang Kadis mangka sulaya | lan panimbanging ngulama | punika apan winastan | tiyang Kirijiyah nama | jinabakkên saking para | pakêmpalaning ngulama ||

31. Kêploking kanang Ijêmak | wus mupakat pra ngulama | lah lapalipun punika | la mawujuda Ilollah | maknanipun ora ana | ingkang wujud amung Allah | tan ana Pangeran uga | ingkang sinêmbah mung Allah ||

32. Kiyas têgêsnya piridan | nulat saking lalampahan | lêpiyan kang wus kalakyan | saking para nabi ingkang | dèrèng rinumbak khukhumnya | myang saking para ngulama | kang muklis ing kina-kina | punika wajib dèn-anggya ||

33. Dados ingkang nama Kiyas | tuladan khukhum ing kina | wontên rapale punika | la ina laha tangala | la esa ngahèni data | maknanipun satuhunya | Allah iku ora ana | tinêmu paningalira ||

34. Warnining wujud punika | têkaburing tyas kang lagya | gumêrtês dèrèng kawahywakawahya (dan di tempat lain). | gaib samar tan na samar | inggih punika sujanma | ingkang manahipun gadhah | pamrih supados gadhaha | pangucap myang solah tingkah ||

35. Ginumunana ing kathah | tyang sanès eram ing kathah§ Prayoginipun / manah /. | sanadyan malah cinamah | inggih wus nama ujubbah | yèku klakuaning manah | ingkang murungakên lampah | rahayu sakawan cacah | ujubriya kibir sumngah ||

--- 3 : 11 ---

36. Riya têkabur wus gatra | ing cipta têkbiring nala | dèrèng dumunung ing swara | namung wus katon ing driya | yèku tiyang ingkang gadhah | manah pamrih ing sadhengah | pandamêl sasaminira | katingalkên ing lyan janma ||

37. Kibir têkabur wus mêdal | kalair wontên ing lesan | yèku tyang kang gadhah manah | tan kungkulan ing sasama | angraos luhur priyangga | kabisane tan na madha | sanadyan ora sanyata | nanging mêksa harda (n)dadra ||

38. Sumêngah têkabur ingkang | amanggèn tan owah-owah | ambêg kumêmbêng sarira | yèku tiyang ingkang gadhah | manah pamrih ing sasolah | -bawa kamirêng ing kathah | nir sakèhing parah-parah | [...] ||Kurang satu baris: 8a.

39. Nuwun anamung punika | condhong botêne sumangga | (ng)gih anak wus tan prabeda | lawan kawruhe pun bapa | amêwahi sasêrêpan | nêngna kang samya rêrasan | kandhuri lumadyèng ngarsa | -nira pra tamu sadaya ||

40. Nahan sawusing samakta | lajêng Ki Amat Têngara | ngancarani tamunira | punika Kolle pun bapa | kadi padatan sumangga | pra tamu Bismilah sigra | maos Patekah sadaya | bakdaning donga gya nêdha ||

41. Pakantuk rahabing nala | para tamu wus paliman | sarwi nyangking bêbrêkatan | pandhapa wus binêrsihan | dening pra santri sakawan | Ki Amat masih gunêman | lah ki raka kadiparan | sanèsing Kikam lan Kitam ||

42. Tinampèn kawicaksanan | lêpasing pambudi-tama | Kitam bundhêlan atinya | e makatên sanèsira | ah kakang wawi sumangga | sami nêntrêmakên raga | rèh benjing-enjing yun sowan | dhatêng ing Sujanapuran ||

43. Sadalu sakeca nendra | enjinge ingkang winarna | Mas Cêbolang wus busana | tuwin Ki Amat Têngara | Nurwitri wae mèlua | katêlu pisan kariya | wus mangkat saking ing wisma | sêkar salin Dhandhanggula ||

--- 3 : 12 ---

177. Dhandhanggula

1. Ing Sujanapuran sampun prapti | dyan tumênggung lênggahan nèng dhapa | Mas Cêbolang dyan ingawe | marêg mangraup suku | padha bêcik têkamu kaki | ana ing wismaningwang | saka ngêndi kulup | Cêbolang matur manêmbah | nuwun saking pangèstudalêm basuki | muhung saking pondhokan ||

2. Nglêksanani atur duking uni | ulun sagah sowan (n)Jêng paduka | dyan tumênggung lon dêlinge | lah iku luwih patut | manungsa kang nuhoni janji | basabaya. kapasangyogya | dina iki ingsun | pinuju libur ing karya | tan sumiwi dadi jênak anêmoni | marang ing jênêngpara ||

3. Kang sinung ling (n)dêku mangênjali | dyan tumênggung nulya adhêdhawah | angrarukti sasêgahe | lan gêlarana gupuh | dhimpil wetan pringgitan iki | candhela wêngakêna | lawang kidul tutup | hèh sira Amat Têngara | wus tinggalên sianak dimène kèri | ana ing wismaningwang ||

4. Kyai Amat manêmbah wus pamit | dyan tumênggung nganthi Mas Cêbolang | nyuswitri§ Prayoginipun Nurwitri. tansèng wurine | prapta ing dhimpil sampun | cacawisan sêgah miranti | wedang myang nyanyamikan | dyan mênggung lingnya rum | kulup aja taha-taha | saananing pasunggata dirahabi | (n)dhêku kang sinung sabda ||

5. Mas Cêbolang kalawan Nurwitri | rêsêping tyas de binojakrama | tan mantra-mantra yèn nêmbe | supêkêt imbal-wuwus | dyan tumênggung maringkên aglis | srat Lokapala Kawya | dumuginya kundur | risang Rama mring Ngayodya | lah anakmas kinarya sasambèn linggih | jujugên kaca sanga ||

6. Caritane sang Prabu Sumali | ing Ngalêngka kala puruita | mring Bagawan Wisrawa-ne | sêrat tinampan sampun | wus binuka turira aris | nuhun kauningana | èstu jugul punggung | têmbung tuwin sêkarira | sajêg-ulun sawêg sapisan puniki | sumêrêp sêrat kawya ||

--- 3 : 13 ---

7. Sagêd maos nanging dlêmik-dlêmik | dyan tumênggung alon angandika | lah têka wacanên wae | ywa nganggo têmbang lagu | wus winaca kalangkung rindhik | angèl kêdaling lesan | dyan tumênggung nuntun | miwah anjarwani pisan | ragi lanyah (ng)gigit suraosing tulis | têmah kataman rimang ||

8. Wêdharing kang Sastra Harjendra di | wus tinangkêp sêrat kang winaca | makidhupuh trapsilane | ing nayana mawêlu | dyan tumênggung mèsêm ing galih | ing tyas tan kasamaran | kalèjêming sêmu | winawas wawas jroning tyas | anaratas pantês lamun dèntêtêsidèn tètèsi. | luwês lon angandika ||

9. Babo jêbèng ngagêsang puniki | mrih waspada pandoming kadadyan | kang pasthi ring pangèsthine | panjutaning tyas tuhu | tarlèn kawruh jiwa sajati | mangsa suryaning alam | wikan kang manglimput | myang pandak panduking driya | kasantaning udaya kang anartani | ing surasa kêrtarta ||

10. Kang kapusthi pangèsthining kapti | tan lyan mamang katamaning tingkah | ing tumitah mamrih lantèh | tinêtah siang dalu | tinalisik osiking ati | tiniti mrih têtika | kasidaning dunung | dumunung rèh sangkan-paran | aywa samar pamoring kawula Gusti | mangkana duk miyarsa ||

11. Mas Cêbolang matur mangênjali | dhuh pukulun sêmbahan kawula | mugi mêlasa ta mangke | maring pun mudha punggung | kang tuhu tan satmatèng gati | ring silastutining tyas | trapsilaning tuwuh | tumuwuh tanpa pituwas | têmah tiwas ing pangèsthi tanpa dadi | saking kirang wêjangan ||

12. Ingkang wijang jèrènganirèki | pakartine ing rèh jagad raya | tan mantra uning jatine | marmanta kêdah matur | minta tanya kawruh kang jati | jatine kang winastan | kawruh kang linuhung | sastra jendra hayuning-rat |Kata yang di tulis dengan huruf kapital, di cetakan asli di cetak miring tebal. ing uni kang piningit Jawata luwih | myang kang ran Sastra Cêtha ||

13. Mênggah têgêsipun kadospundi | miwah dununging pikajêngira | kang wijang wiji-wijine | dyan mênggung maluya rum | dhuh anakmas kalangkung rungsit | mungguhing patanyanta | Sastra Jendra iku | liring sipat kayuwanan | -nira Sang Hyang

--- 3 : 14 ---

Endra kang mêngku ling-aling | badaling Hyang Wisesa ||

14. Yèn wus wikan ing kajatènèki | sayêkti yèn têtêp hayuningrat | lire raharjèng jagade | dene ta inggahipun | Sastra Cêtha dipun-wastani | liring kang Sastra Cêtha | kalêpasanipun | kawaskithaning panunggal | nora samar sangkan-paraning dumadi | dumadya mardikèng-rat ||

15. Lire pamijèning jagad yêkti | marma tan kenging kengis ing kathah | sinêngkêr ing Bathara-ne | kajaba pra Dewa ku | kang linilan ing Jawata di | Sang Hyang Suksma Kawêkas | myang jalma linuhung | kang katrimèng pamêsunya | pujabrata sinung wahyu dyatmikani | nanging mawa prabawa ||

16. Guntur wisesa myang guntur agni | guntur bumi miwah guntur braja | guntur ranu myang gunture | awang-awang puniku | lamun datan tumama yêkti | pratandha katarima | dene cihnanipun | ingkang datan katarima | yêkti sirna tanpa sesa ing dumadi | marma ta wis kaduga ||

17. Mêdhar ngèlmi gaibing Hyang Widdhi | saking makatên ing purwanira | jrih sikuning Hyang Murbèng rèh | nanging ta puntonipun | rèh ta sami ngudi wawadi | mrih siddhine kasidan | titising pangawruh | kasampurnaning ngagêsang | kadipundi mungkêring rèh tekat yêkti | mrih babaring kamulyan ||

18. Yêkti wontên upamane anti | ing pangrêman sarta kang tan lana | kumalêkêrên dadine | tan nêtês dadinipun | tanpa kardi dènnya dumadi | tiwas tanpa pituwas | kangelan saumur | luhung aywa dumadia | manungsa yèn tan sampurna gêsangnèki | lir sato tanpa tekat ||

19. Babukaning carita ing nguni | karsanira Sang HyagHyang. Girinata | angumpulkên ing kawruhe | wit saking mêntas kawus | kawruh jati kalindhih dening | Rêsi Kanekaputra | mila tinartamtu | ngumpulkên pra kadang dewa | Rêsi Nrada kalih Bathara Basuki | tiga Sang Hyang Sriyana ||

20. Iya iku kang sinêbut nami | Sang Hyang Panyarikan paparabnya | kalawan putra kaliye | BatharEndra dwi Wisnu | samya tedhak pucaking wukir | ing ardi Jamusdipa | dènnya

--- 3 : 15 ---

mêdhar kawruh | sawusing pêpak sadaya | Sang Hyang Guru ambukani kawruh jati | ing ngarêp wus binabar ||

21. Purwaningkang dumadi rumiyin | ingkang wrêdha pribadi pan cahya | anulya dahana rêke | bantala katrinipun | catur bayu panca jaladri | puniku pinabênan | ing Kanekasunu | ing pangancas taksih lêpat | de mangeran marang kahananirèki | sisip-têmbire§ Prayoginipun / sisip-sêmbire /. dadya ||

22. Sumurupe têteja sayêkti | sarta maring kêkuwung wangkawa | amarga ing sadurunge | isining rat kadulu | maksih awang-uwung awingit | wus ana swara kadya | gêntha kèlèngkêlèng. ngungkung | iku Sang Hyang Girinata | sru anggilut jablasing surasanèki | Bathara Nrada sigra ||

23. Mêjangakên ing atur dumêling | manis tutuk tatasing kang sabda | Hong Hyang Hyang ulun yêktine | mênggah ta sagungipun | kawontênan kèsthi kajatin | kajatosan punika | wontên kahanèku | saksine wontên manungsa | jagad ingkang manungsa èstu tan pangling | lawan jagading donya ||

24. Mila binasakkên sadèrènging | wontên cahya wus ana suwara | apindha gêntha kakêlèng | punika wardinipun | liring swara ingkang kapyarsi | yèku bawa jatinya | gêntha jatinipun | kantha-kanthiningkanthaning. kang warna | kêkêlèng pan dudunungan jatinèki | anjinging kang bicara ||

25. Dununging bawa nèng kantha singgih | kantha punika sayêkti samar | samar elok satuhune | elok gaib liripun | dene gaib punika mawi | sasandha kadadosan | babasaning catur | nora warna datan rupa | amimbuhi sipat wawarnèn sakalir | tan ênggon ora arah ||

26. Nanging tansah dènnira nglimputi | sagung ingkang gumêlar nèng donya | ngandika tanpa lesanne | muhung nyawa puniku | (ng)ganda tanpa garananèki | muhung purba kewala | myat tanpa netrèku | muhung saking ing waskitha | amiyarsa tanpa karnanira kalih | muhung saking wisesa ||

27. Myang angraos tanpa raos nênggih | muhung pangraos sajatinira |

--- 3 : 16 ---

dene ta kosok wangsule | purwaning ana èstu | saking ora witipun lair | saking ing kabatosan | witing rame èstu | saking ing ênêng sanyata | wit gumêlar saking ing sonya sayêkti | nanging aywa kadriya ||

28. Tawang-tuwang tanpa wasananing | bêbasane mangeran kumandhang | wusing atur-ulun mangke | sirik saèstunipun | anênampik tanapi milih | kalamun anampika | ing sadayanipun | kang gumêlar ngalam-donya | punapinggih tan ginulung malih-malih | kalamun amiliha ||

29. Punapa tan uninga manawi | sakèhing kang kawontênan apan | saking gaib sèjatinesajatine. | babo ywa nganti kerut | utamine mandar ngurubi | myang sampun kawimbuhan | malah asung wimbuh | punika kewala cêkap | dhumatêng ing dunungnya pangèsthi jati | jatining kauwusan ||

30. Sigêg ture sang Kanekasiwi | Sang Hyang Guru sawusing miyarsa | saklangkung lêga ing tyase | rumaos yèn panuju | dènnya darbe pangèsthi bangkit | kadya Sang Hyang Athama | ngratoni sawêgung | de kang nama Hyang Athama | ing srat Jitabsara panjênêngan Nabi | ya Adam Abul Awan ||

31. Sang Hyang Guru nulya dhawuh maring | para kadang dewa miwah putra | bisaa ngudhuni§ Prayoginipun / ngudhoni / = nguruni. ing rèh | ambawa-rasa iku | Hyang Basuki wacana aris | mênggah atur punika | wus lêrês sadarum | namung ing pamanggihingwangpamanggih ingwang. | sawêg têlêng dununging pangèsthi jati | mring Kang Murbèng Gaiba ||

32. Analisir pantoging kang gaib | namung dunungipun kang pinurwa | ing suraos wau dèrèng | Hyang Guru ngandika rum | palibaya pantarèng mami | mara katêrangêna | babar-pisanipun | sabda dadining kasidan | Hyang Basuki mangênjali turira ris | mêdhar wangsit angandhar ||

33. Dhuh pukulun saking wasitaning | guru-ulun Pêksi Rukmawatya | wukir Mahendra dhepoke | Hyang Kang Murbèng Baigul | lajêng murwèng ênur rukyati | punika cahya gêsang | sigra risang Ênur | amurwèng anasir rannya | gêni bumi angin we punika dadi | kaananing manungsa ||

--- 3 : 17 ---

34. Latu dadya napsune kang jalmi | martandhani cahya catur warna | abrit cêmêng jêne putih | bumi badan jasmanu | martandhani sakawan warni | kulit daging myang tosan | sungsum jangkêpipun | angin kaananing napas | pan ing lesan ing grana ing netra kalih | myang pamyarsaning karna ||

35. Dene toya dados kaananing | Êroh catur isining wiryawan | ing Jitabsara têmbunge | inggih asrar puniku | roh jasmani êroh kewani | êroh nabadinabati. lawan | roh nurani catur | punika bilih kawula | sigêg ture Bathara Basuki sukci | mangkya Sang Hyang Sriyana ||

36. Matur alon ring Hyang Odipati | dhuh pukulun sang Padawinênang | manawi ing wasitane | ing gurunadi-ulun | parab Rêsi Pramana tunggil | saking pangraos-amba | langkung tlêsihipun | ingkang wus kasêbut ngarsa | pasêmone Sang Hyang kang Amurbèng gaib | mênggah pralambangira ||

37. Catur sastra-suwara winarni | A, I, O, Rê myang antanwyanjana§ Prayoginipun / dèntawayanjana / = urut-uruttaning aksara Jawi = alphabèt. |§ Katrangan bab Swara A, I, O Rê salajêngipun ing pada 37 dumugi 39 dipun sukani sêratan Jawi ing dalêm kurung jêjêg [ ] ingkang mligi murih cêthanipun. Aksara ing dalêm kurung wau botên pêrlu kawaos. sastra tridasa-saptane | makatên wijangipun | aksara A[...] mila puniki | angka sakawan[...] lawan | aksara SA[...] wau | mênggah ing pikajêngira | pan wijining panunggal kawan prakawis | Bahni bantala bajra ||

38. Myang baruna wijangiounwijangipun. nênggih | agni bumi angin miwah toya | [...] |Kurang satu baris: 8e. dene aksara BA[...] sinung | cêrêg ngandhap[...] pikajêngnèki | bayi dene tan sondha | dados wujudipun | manungsa ingkang sampurna | sarwa sangkêp tan wontên kang kirang luwih | aksara O[...] wijangnya ||

39. Mila aksara WA[...] dènpasangi | aksara DA[...] mênggah pikajêngnya | mungêl wêdal ing têgêse | pan katingal puniku | aksara Rê[...] wijangirèki | mila PA cêrêg ngandhap | paja kajêngipun | antara ing têgêsira | sampun jangkêp catur swara têgêsnèki | gantya wijiling dênta ||

--- 3 : 18 ---

178. Mijil

1. Myang wyanjana ing jarwanirèki | pêpêking ponang wong | nanging dèrèng mawa repa lire | mabusana jangkêping pakarti | lir jabang duk lair | sing garbaning biyung ||

2. Muhung Swara pracihnaning urip | de wujuding karo | sastra dwidasa lan pasangane | yèka kang ran dênta-wyanjanèki | ha na ca ra ka-ki[...] |§ Aksara Jawi / ha na ca ra ka / sapiturutipun dumugi pasangan / nga / sêratan ing dalêm kurung jêjêg [ ] ing dalêm buku aslinipun botên kasêrat. Ing ngriki katambahakên murih cêthanipun. Aksara ing salêbêting kurung jêjêg wau botên pêrlu kawaos. sapiturutipun ||

3. Ha na ca ra ka têgêsirèki | won duta kinaot§ Prayoginipun / wonten duta kaot /. | dunungipun winangsul swarane | ka ra ca na ha lire puniki | lesan ngucap ing |Kurang satu suku kata: lesan pangucap ing. da ta sa wa lè-ku[...] ||

4. Têgêse Dat kacihna swarèki | dununging suraos | wangsul swara la wa sa ta da-ne | (ng)gih punika pratandha salami | pa dha ja nya-ki[...] |Kurang satu suku kata: pa dha ja ya nya-ki. lire sami unggul ||

5. Pan punika pancadriya yêkti | dununging suraos | wangsul swara nya ya ja dha pa-ne | lirnya tan pêgat pangidhêpnèki | ma ga ba tha ngè-ki[...] | nênggih têgêsipun ||

6. Babatangan sarira puniki | wit dadosing kawroh | dunungipun winangsul swarane | nga tha ba ga ma têgêsirèki | ngentha satataning | ngantarèng Hyang Agung ||

7. Sajatine wontên manungsèki | srêngkaraning raos | liring srêngkara abên-manise | rasa-rumangsa saliring osik | kawula lan Gusti | pamor ing sawujud ||

8. Dene pasangan pêcahirèki | ricikan rajah wong | munggèng angga makatên wijange | ha[...] lidhah mila dipuntêgêsi | ngèstokkên sakapti | awit lidhah wau ||

9. Anut pakèning karsa sayêkti | clupakan netra ro | pasangan-na[...] mila ing têgêse | katêrangan wit luwakan aksi | pan karya wênganing | Hyang Pramana tuhu ||

--- 3 : 19 ---

10. Pasangan ca[...] tangan têgsênèkitêgêsnèki. | kancuhaning batos | awit tangan dados kancuhane | osiking tyas nartani pakarti | ra[...] manik winardi | sosotya punika ||puniku.

11. Wit têrsandhanira wontên manik | rahsa sarasèng don | kang manrangi ing lair batine | ka[...] cangklakan pundhak dènwêrdèni | kukuh dene kardi | pikuwating bau ||

12. Pasangan da[...] kalamênjing warni | apanjang kinaot | wit manjangkên ing jangga wujude | pasangan ta[...] cangklakaning sikil | winastan cacêthik | prênah têgêsipun ||

13. Dene dadya lalantaran yêkti | kuwating ngalunggoh | anartani tata-trapsilane | pan minangka lambaraning takrim | antuk suku kalih | dadya ugêripun ||

14. Pasangan sa[...] jaja antaraning | têgêsipun golong | dene dadya golongan yêktine | awit jaja dununging piranti | pirantining urip | parabot kang parlu ||

15. Pasangan wa[...] bau ingkang kering | tinêgêsan karo | dene dadya kanthi sayêktine | bau kanan lalawananèki | jangkêping pakarti | bau ro puniku ||

16. Pasangan la[...] gêgêr kanan kering | têrusan (n)jaba jro | dene nêrusi jaja ngajênge | pasangan pa[...] lambe ngandhap nênggih | mila dèntêgêsidèn têgêsi (dan di tempat lain). | patitis puniku ||

17. Dene bangkit mijilkên sayêkti | pangucap cumêplos | tan kalèru tampining osike | pasangan dh[...]dha. nênggih dèntêgêsi | dadalan sêjati | wit dhadha puniku ||

18. Dados margi pratandhaning urip | kakêtêg ing jêro | mangka paliwaraning Atmane | pasangan ja[...] sandhing thêthêngiling | jaja dèntêgêsi | patitis puniku ||

19. Dene dados pangajênging ciri | ayu kajêngipun peranganing kono |Lebih enam suku kata (satu baris): 6o. aksara§ Wujuding aksara tuwin pasanganipun sami. ya[...]babau kananne | tinêgêsan cuthat wit nampèni | karêntêging ati | tumindak sakayun ||

--- 3 : 20 ---

20. Pasangan nya[...] luwakaning ngaksi | kang kering kinaot | mila tinêgêsan mulung lire | dene bangkit amêngani kapti | sasmitaning liring | ngênani panuju ||

21. Pasangan ma[...] janggut dèntêgêsi | bundêran wang karo | aksara§ Wujuding aksara sami kaliyan pasanganipun. ga[...] jangga wingking lire | agêng dene panggènanning nginggil | sanginggil angkèki | kêrêtan pok gulu ||

22. Pasangan ba[...] pasu wujudnèki | têgêsira karo | lire kêmbar nrambahi mukane | pasangan tha[...] wujuding thi-athi | tinêgêsan nênggih | tulising mukèku ||

23. De mimbuhi asrining suwarni | antarèng karna ro | pasangan nga[...] nênggih bolongane | ing garana mila dèntêgêsi | pangingsêp wit saking | panggandasmarèku ||

179. Asmaradana

1. De cêcêg[...] grana lirnèki | sami lawan aksara nga | wulu[...] sirah ing têgêse | pêpêt[...] têgês (m)bun-êmbunan | layar[...] lirira jaja | sami lawan ra puniku | dene cakra[...] têgêsira ||

2. Midêr lawan amêngkoni | yèku dhadha têgêsira | ingaran sawarga lire | pangiraning tyas punika | kawêngku jroning dhadha | marma pasangan dha jumbuh | pikajênge lawan cakra ||

3. Taling[...] têgêsira kuping | tarung[...] thêthêngêling karna | suku[...] sikil ing têgêse | kêrêt[...] lire pajalêran | ingaranan srêngkara | abên-manis têgêsipun | marma ingaran mangkana ||

4. Krana dadi lantaraning | pacampuring rahsa mulya | dene wa[...] gêmbung têgêse | pan punika bau kiwa | pengkal[...] pan bau kanan | wignyan[...] cangkêm têgêsipun | ing dununging pamicara ||

5. Winastan wisarja nênggih | lire bêcik klawan ala | saking tutuk ing margane | rinan malih awiyarja | luwih bêcik têgêsnya | saknya malih têgêsipun | nut sapakon têgêsira ||

--- 3 : 21 ---

6. Pakoning manah sayêkti | mulya sae nulya ala | tutuk darma mêdharake | pangkon[...] pandhaku lirira | ingaran pêjahan |Kurang satu suku kata: ingaranan pêjahan. sing aksara kang pinangku | sayêkti wujud manungsa ||

7. De cahya kawan prakara | cêmêng abrit jêne pêthak | nênggih ing panjing-surupe | cahya cêmêng anjingira | sumurup cahya rêta | rêta manjing surupipun | nênggih maring cahya jênar ||

8. Jênar manjing surupnèki | maring cahya ingkang pêthak | cahya pêthak ing surupe | maring cahya mancawarna | cahya kang mancawarna | mring cahya mancorong iku | nênggih panjing-surupira ||

9. Cahya kang mancorong manjing | mring cahya mancur surupnya | cahya umancur surupe | mring cahya wêning punika | cahya wêning surupnya | mring cahya gumilang iku | cahya gumilang surupnya ||

10. Marang cahya ingkang gaib | têgêse gaib pan samar | kèndêl Sriyana ature | Hyang Guru kêlangkung suka | karênan ing wardaya | dene ta punika kawruh | kapralambang saking sastra ||

11. Sang Hyang Sriyana sinung sih | pinaraban Panyarikan | jawata jumurung kabèh | mangayubagya ing karsa | sigêg Sriyana turnya | tandya Sang Endra sumambung | matur sarwi ngaraspada ||

12. Saking raosipun maksih | kadho-kadho ing pangancas | nênggih dhatêng ing kajatèn | awit maksih karoneyan | bokbilih tidha-tidha | pamanthênging tyas kalèntu | korup dhatêng panguripan ||

13. Manawi pamanthêng kami | namung riningkês kewala | dhatêng ênêng lan êninge | dene dadose dumadya | rupa warna busana | pangracutipun pan namung | rasa ambu warna rupa ||

14. Mênggahing pangancas-kami | saèstu datan nalimpang | muhung mring nuat-gaibe | pukulun pangraos-amba | wus tan ana tisnaa | nêtês naratas wus putus | wasana ulun sumangga ||

15. Sigêg Sang Hyang Endrapati | dènnya mêdhar pangawikan | mangkya Hyang Wisnu ature | nuwun mênggah aturira | risang Hyang Panyarikan | kawruh kapralambang dhaup | lawan sastra samoanya ||

--- 3 : 22 ---

16. Ingkang punika mêwahi | têranging kang sasêrêpan | mênggah saking wasitane | Sang Ngusmanajid gurwamba | kaananing manungsa | punika anunggil dhapur | lan kang nglimputi sarira ||

17. Purwanya namung satunggil | kadamêl kalih ilapat | dene ta binasakake | kakalih ingkang ilapat | langkung kang amicara | winastan kalih saèstu | winastanana satunggal ||

18. Sayêktosipun satunggil | mênggah sastra tanah Ajam | kang tumrap angga kathahe | jangkêp tigangdasa sastra | saking èngêt-kawula | Hyang Pramèsthi ngandika rum | mara kulup wêdharêna ||

19. Sang Hyang Wisnu mangênjali | sarèh wêdaling wacana | alip[...] maripat kalihe | be[...] bolongane kang grana | te[...] ing utêg dunungnya | se[...] daging jim[...] sirah lungguh | ke alit[...] karna kang kanan ||

20. Ke agêng[...] karna kang kering | dal alit[...] bau kang kanan | dal agêng[...] bau keringe | ra[...] iga têngên kiwa |Kurang satu suku kata: ra [..] iga tengen lan kiwa. je[...] iga ingkang kiwa | sin alit[...] têngên kang susu | sin agêng[...] susu kang kiwa ||

21. Sad[...] lambung kang têngên nênggih | êdhot[...] lambung ingkang kiwa | te[...] kukulung ati (ng)gonne | dha[...] ing jantung dunungira | ngain[...] pupu kang kanan | ghin[...] pupu kiwa dumunung | fe[...] suku têngên ênggonnya ||

22. Khaf[...] ing dhêngkul têngên nênggih | kaf[...] suku kiwa dunungnya | lam[...] ing wêtêng min[...] otote | nun[...] balung wawu[...] gigirnya | ehe[...] tlapakan kanan | lam-alip[...] dumunungipun | anèng lathining manungsa ||

23. Ambyah[...] dhêngkul kiwa nênggih | ya[...] tlapakan ingkang kiwa | jangkêp sastra tridasane | mangkya rêringkêsanira | badane kang manungsa | ing saèstunipun sampun | inggih angucap piyambak ||§ Alip dumugi ya pada 19 dumugi 23 aksara Arab tigangdasa. panyêratipun Latin kirang cocok kaliyan ungêlipun, mila ing wingkingipun aksra Arabipun ing kurung jêjêg [ ] ingkang botên pêrlu kawaos. Aksara Arab wau ing buku aslinipun botên kasêrat, ing ngriki katambahakên murih cêthanipun.

--- 3 : 23 ---

24. Makatên panabdanèki | Ashadu Allah illaha | Illa Allah de wijange | As kulit ha dagingira | du gêtih Allah urat | ilaha iku babalung | illa sungsum Allah utak ||

25. Manungsa kalamun guling | mangka matrapkên sukunya | kakalih dhinèmpètake | dumadi wujud sajuga | dlamakan kalih pisan | tinapakkên |Kurang empat suku kata: tinapakkên kang satuhu. sikut kakalih tumumpang ||

26. Anèng ing pranajanèki | asta kakalih kinêmpal | dados sajuga wujude | ingadêgakên sadaya | punika sampun tansah | anêbut ing namanipun | tuwin namaning Pangeran ||

27. Gumaluntung ingkang jalmi | punika mungêl Muhamad | dene pratingkahe sare | mungêl Asmaning Pangeran | Allah Pangeraningrat | kang murbèng pasthi satuhu | wijange kawikanana ||

28. Awit ing sirah dumugi | pungkasane ingkang jangga | aksara min§ Prayoginipun / mim /. awalane | pinêcah dumadya tiga | kêlênging kalih netra | manjing mring Dating Allahu | kang kalair sadayanya ||

29. Mênggah kajêngipun nênggih | dhatêng makripat mukadas | mungêl la ing grêbanane | mangkya awit ing pranaja | dumugi cêthikira | aksara ahe§ Prayoginipun / ehe /. puniku | lajêng kawijang triwarna ||

30. Wujuding khe manjing maring | Sipat Allah kang lair pan | dene punika kajênge | maring Kakekat mukadas | grêbanipun winawas | anênggih tan liyan namung | ing ungêlipun Illaha ||

31. lajêng wit jênthik dumugi | ing dhêdhêngkul kering kanan | punika min§ Prayoginipun / mim /. akirane | ugi winijang titiga | wujuding kang aksara | manjing mring Asma Allahu | ingkang kalair sanyata ||

32. Kajêngipun tan lyan maring | dhatêng Tarekat mukadas | ginêrba èstu ungêle | muhung maring lapal Illa | pungkasan winursita | awit kakalih kang dhêngkul | dumugi driji dlamakan ||

33. Yèku aksara dal yêkti | lajêng kawijang titiga | wujuding kang aksarane | manjing mring Apêngal Allah | kang klair de kajêngnya | mring Sarengat mukadasu | grêbanipun mungêl Allah ||

34. Aturulun sampun titi | kawontênaning wasita | muhung amrih ywa tumpang so | winujudakên ing gambar | tinrapkên ing ron

--- 3 : 24 ---

êtal | cinirèn katranganipun | gambar kalih dyan binabar ||

35. Mawa cahya anêlahi | pindha ulading§ Prayoginipun / alading dahana / = ubaling. dahana | surêm Hyang Rawi sorote | binarung swara gurnita | kilat thathit liwêran | horêg sapta bantalaku | mêsês kanang bayu bajra ||

36. Lir kinêbur kang jaladri | pêthite Hyang Antaboga | kumitir horêg anggane | satêmah ingkang bantala | goncang gonjing ruhara | ardi Jamusdipa (n)jêpluk§ Prayoginipun / (n)jebluk /. | kadi papêdhut rinaras ||

37. Sang Bathara Odipati | Sang rêsi Kanekaputra | miwah Sang Hyang Basukine | Hyang Endra Hyang Panyarikan | wus sadaya tan kuwawa | anyêlaki gambar wau | lir sinambêr gêlap lêpat ||

38. Sadaya wus dhawah saking | palênggahan sowang-sowang | sumaput lir nirnirjiwane. jiwane | muhung Sang Bathara Suman | tan owah dènnya lênggah | gambar kalih dyan rinacut | wus sirna kang gara-gara ||

39. Nahên kang gumuling siti | pungun-pungun wus waluya | wangsul mring palênggahane | karsane Hyang Mahanasa | sadaya kang kawêdhar | dening Hyang Bathara Wisnu | dilalah samya kalepyan ||

40. Kadya anggane angimpi | wungu nendra tan kèngêtan | dhumatêng ing supênane | muhung Sang Hyang Girinata | jroning tyas gung ginagas | ginilut jumbuhing kawruh | tambah ingkang pangawikan ||

41. Mangkono Hyang Wisnumurti | graitèng tyas datan samar | dhumatêng ing kaanane | pinunggêl kang pangandika | amangsuli pangiwa | mangkana ing aturipun | dhuh Hyang Hyang Padawinênang ||

42. Aturnya Kanekasiwi | myang Basuki Panyarikan | tanapi Endra ature | ingkang makatên punika | inggih lêrês sadaya | nanging ing pamanggihulun | panggêlar panggulungira ||

43. Taksih tumpang so tan mathis | manawi ing wasitanya | guruulunguru ulun. Sang kinaot | Ngusmanajid ingkang usman | asalipun

--- 3 : 25 ---

manungsa | inggih saking hèb satuhu | tumurun pan dados cahya ||

44. Kasumupan ponang bumi | dahana maruta tirta | makatên mênggah dununge | jasat napsu napas rokyat§ Prayoginipun / rohkyat / kados ing gatra wingkingipun. | ingkang rumiyin dadya | ponang rohkyat napas napsu | kapat jasat kanthinira ||

180. Kinanthi

1. Sawêg samantên turipun | dènnya mêdhar sabda rungsit | Hyang Guru aris ngandika | èh kulup bênêr sirèki | apa tan unggul dahana | de sira unggulkên bumi ||

2. Luwih asor bumi iku | yêkti unggul ingkang agni | Hyang Wisnu matur manêmbah | sami lêrêsipun ugi | manawi bangsaning Êjan | linuhurkên ingkang agni ||

3. Awit asal saking latu | luluhuripun saking jin | Banujan jin Idajila | ing srat Jitabsara sami | Sang Hyang Handyan Hyang Banujan | di Anjiyasmal jibai ||

4. Hyang Guru malih tanya rum | balik sira iku kaki | asalmu saka ing apa | Wisnu matur mangênjali | ulun manungsa kajiman | nanging luhur ingkang saking ||

5. Manungsa sayêktinipun | kaliyan kajiman mami | èh kulup apa ta nora | rumuhun bangsaning Ngêjin | lêrês pukulun punika | nanging tumraping ring mami ||

6. MiwuhMiwah. sarira pukulun | punika rumiyin janmi | kang awit Sang Hyang Ad-Hama | Sang Hyang Siwa ingkang ugi | nama Nabi Sis minulya | punika manungsa jati ||

7. sarêng ing dumuginipun | Sang Hyang Nurcahya ing ngarsi | nênggih nama Sayid Anwar | lajêng Sang Hyang Nur-rasèki | Sang Hyang Wênang Sang Hyang Tunggal | sirna kamanungsanèki ||

8. Jisim rohkani sadarum | tan katon dipuntingali | sarêng dumugi paduka | amêngku ing Allamkalih | sagêd botên katingalan | sagêd katingal ing jalmi ||

--- 3 : 26 ---

9. Amargi kangjêng pukulun | mangèsthi sagêd ngratoni | manungsa lir Hyang Ad-Hama | Hyang Guru ngandika malih | bênêr kaya tekatira | amung kanggo mênang êndi ||

10. Tekatira kang saèstu | apa manungsa apa jin | Sang Hyang Wisnu aturira | ulun angge lair batin | ing batin manungsa-tama | ing lairipun pan êjin ||

11. Wit ulun urutkên èstu | asale jiwa ragèki | kamanungsan ulun asal | saking luluhur pribadi | mila kangge kabatinan | amargi jalu pinasthi ||

12. Dados lalantaranipun | kang wontênkên§ Prayoginipun / kang ngwontênkên /. jiwa mawi | mênggah kajiman kawula | saking ing luluhur èstri | kang awit Sang Hyang Nurcahya | kamantu dening Raja Jin ||

13. Mila punika pukulun | kawula anggêp ing lair | èh kulup têlênging tekat | apa ora anêtêpi | babasan kabali sura | myang sungsang buwana balik ||

14. Bathara Wisnu turipun | botên ing saèstunèki | ing ngandhap ing nginggil keblat | kawêngku ing têngah awit | wontênipun winastanan | ing ngandhap tuwin ing nginggil ||

15. Yèku ancêr-ancêripun | wontên ing manungsa jati | Sang Hyang Guru duk miyarsa | asru karênaning galih | babo atmajèngsun Suman | sira anunggal pangèsthi ||

16. Kalawan ing jênêng-ingsun | mangkya sira sun wêwahi | paparaba Narayana | mratandhani kahananing | sira manungsa sanyata | Sang Hyang Wisnu mangastuti ||

17. Para jawata sadarum | abipraya nêmbadani | sasampunira mangkana | Sang Hyang Wisnu nulya kardi | ekal cakra dadya tandha | bundêring santosèng ati ||

18. Nahan ta Bathara Guru | sawusira amiyarsi | ature pra kadang dewa | lan putra Bathara kalih | tyas langkung marwata suta | sinung ilhaming Hyang Widdhi ||

19. Sadaya sampun kacakup | datan ana ingkang cicir | dhawuh wijiling kang sabda | kadang dewa sadayèki | myang putranipun

--- 3 : 27 ---

bathara | ing samangkya karsamami ||

20. Kumpuling kawruh sadarum | ingsun dadèkkên sawiji | minangka wawatoning kang | kawruh kadewatan adi | dadiya gêbênganira | sutèng-ulun Endrapati ||

21. Nanging ingsun kêkêr kukuh | sarta ingsun waranani | lawan hya kongsi kajambar | sadhengahing manungsèki | supayane iku haywa | madhèhkên ing Jawata di ||

22. Marmane manira asung | pralambang iku yèn bangkit | iya dadya manrimanya | ingkang sarta banjur dadi | ing Sastra Cêtha priyangga | ing sadurungira dadi ||

23. Ing sastra Cêtha puniku | apan ta ingsun-aranni | sastra jendra ayuningrat |Kata yang tertulis kapital di teks asli di tulis dengan huruf miring. pangruwat diyu rasêksi | wanara salaminira | dêlahan nunggal jalma-di ||

24. Iku ta ing lairipun | dadiya ambêk utami | mungguh ta ing kabatinan | dumadiya pancadaning | sangkan paraning dumadya | nunggal kawula lan Gusti ||

25. Mratandhanana saèstu | kanugrahan ingkang dhingin | limang ukara kèhira | dumadi ambêgirèki | mungguh ta ingkang ingaran | PANCA PURWANDA pangrawit ||Kata yang tertulis kapital di teks asli di tulis dengan huruf miring.

181. Sinom

1. Kang dhingin ambêging surya | kapindho ambêging bumi | katri ambêging maruta | catur ambêging jaladri | panca ambêging langit | ing sapangkat manèh iku | aran PANCA DUMADYA |Kata yang tertulis kapital di teks asli di tulis dengan huruf miring. iku kadadyanirèki | apan uga tumangkar limang prakara ||

2. Kang dhingin babaring tigan | dwi lêpasing sastra-lungit | tumamaning punglu tri-nya | catur pêdhang lumaraping | lima rêmbêsing warih | ing sapangkat manèh iku | aran PANCA PRANATA |Kata yang tertulis kapital di teks asli di tulis dengan huruf miring. dadi pratandhanirèki | apan uga tumangkar limang prakara ||

3. Mandhêg iku kang kapisan | angkêr ingkang kaping kalih | sumunu kang kaping tiga | sumulap kaping patnèki | mamarap ping limèki | dadi tri golonganipun | lah para kadang dewa | lan putra bathara kalih | kono padha surasanên tranging nala ||

--- 3 : 28 ---

4. Kadiparan karêpira | lawan kadadeyanèki | nahên para kadang dewa | locitanirèng panggalih | bangkit (m)babarkên nanging | tan sagêd panangkaripun | tuwin kakalih putra | asagêd mêcah ananging | tan kuwawa maradhahi kang surasa ||

5. Sadaya matur sumangga | Hyang Guru ngandika malih | èh kadangingsun pra dewa | lan putraningsun kalih |Kurang satu suku kata: lan putraningsun kêkalih. marmanira sirèki | ywa ngaku pintêr kalangkung | mundhak kablingêr padha | kang awit babasaning ling | jalma pintêr pasthi kasor dening jalma ||

6. Kang sugih artikêl§ Prayoginipun / pratikêl. tatas | de jalma artikêl§ Prayoginipun / pratikel. awig | kasor dening jalma ingkang | inggil luhur misesani | margi kang Marbèng pasthi | anamtokkên jênêngingsun | ginadhuhan wisesa |§ Gatra punika kirang sawanda, prayoginipun / ginadhuhan kang wisesa / [baris ini sudah benar jumlah suku katanya: 7a]. lwih kuwasa jênêngmami | sumurupa dununging andikaningwang ||

7. Mungguh ambêging kang surya | amongat têmbungirèki | jarwane among samoa | awit ta ananing rawi | tansah angon sakalir | ngulatkên sakèh tumuwuh | tumrape mring pambêgan | eling dene dunungnèki | ing pramana dadi nora kasamaran ||

8. Ambêging bumi winarna | sun-têmbungkên amot yêkti | karêpe amot sadhengah | dene kaananing bumi | bobot sakèh dumadi | tumraping pambêkan bakuh | dununge ing jatmika | sarira antêng tyas mintir | ing wasana dadi nora berabeyan ||

9. Ambêking kanang maruta | suntêmbungkên kamrat yêkti | karêpe kamot sabarang | dene kaananing angin | tansah katadhah dening | samoaning kang tumuwuh | tumrape mring pambêkan | têmên dene dunungnèki | aring ingkang napas dadi tan (n)daleya ||

10. Nahan ambêking sagara | sun-têmbungkên mamrat yêkti | karêpe momot tan wêgah | kaananing kang jaladri | tan nampik datan milih | sasarah tumamèng laut | tumrap pambêkan sabar | nèng rêrêming rasa jati | dadi nora pradulèn sugih waonan ||

11. Kanang ambêking akasa | sun têmbungkên mangkyat nênggih | karêpe pamêngku ika | dene kaananing langit | datan sah

--- 3 : 29 ---

angaubi | saisining ngrat kawêngku | tumrap ambêg santosa | dumunung sarèhing kapti | dadi nora gimirêngimiran. karêp sadhengah ||

12. Lah ta padha kawruhana | kumpule pambêkan gati | among amot kamot miwah | momot mêngku jangkêpnèki | dene tumrapirèki | pambêkan lilima iku | eling têmên mantêp lan | sabar santosaning ati | de dununge pambêkan limang prakara ||

13. Pramana jatmika ing tyas | aringing napasirèki | kalawan rêrêming rahsa | sarèh ing karsa mumpuni | mungguh dadinirèki | pambêkan lilima mau | tan samar tan dahwènan | tan sêmbrana lawan malih | tan panasan tan gimirên§ Prayoginipun / tan gimiran /. pungkasannya ||

14. Mêdhar kang Panca dumadya | limang ukara ginupit | angin babaring antiga | talika ingsun-aranni | têtêp karêpirèki | têtela ing ananipun | têtêp dadining gêsang | kawahana tandhanèki | de tandhane iku ana ing pangrasa ||

15. Pindho lêpasing kang manah | ramatas ingsun-aranni | karêpe tatas naratas | yèku têdhas anêdhasi | satuhu anêtêpi | sangkan paraning tuuwuhtumuwuh. | dene ta pratandhanya | sonya ruri anartani | nyatanira ing pamyarsaning kang karna ||

16. Kaping tri tumamanira | punglu-mimis sun-aranni | tumêlêng karêpe apan | patitis iku ngencoki | datansah anêtêpi | marang dudununganipun | tumanêm pratandhanya | nyatane lungguhirèki | anèng lathi iya iku pamicara ||

17. Kaping pat laraping pêdhang | maratas ingsun-aranni | karêpe mring kaputusan | pêgat tanpa kiwir-kiwir | babarpisan nêtêpi | tandha kasampurnanipun | nyatane ing pangganda | arum bangêr amis bacin | arum sêdhêp kanyataan saka grana ||

18. Ping lima rêmbêsing toya | tumuhastumahas. ingsun-aranni | karêpe tumus arabas | iku têrus anêrusi | dene pratandhanèki | lingga-bathara satuhu | jumênêng batharanya | mungguh kanyataanèki | ing paningal jangkêp kang Panca dumadya ||

19. Kumpule kadadyan lima | têtêp tatas sarta titis | putus tumus sah lilima | gênahe lilima maring | têtela têdhas tuwin | angincoki

--- 3 : 30 ---

pêgatipun | kanyataaning lima | kawahana sunya-ruri | myang tumanêm sampurna lingga-bathara ||

20. Nyatane ing kadadeyan | lilima tan liyan maring | pangrasa ingkang sapisan | ing karna kang kaping kalih | ing lesan kaping katri | ing grana kang kaping catur | ing paningal ping gangsal | kadang dewa putra sami | sru katrêsan umatur kalajêngêna ||

21. Odipati mêdhar sabda | prabawa limang prakawis | nahan landhêp kang kapisan | iku sun-aranni lêngit | marang singit karêmpit | karêpira iya iku | mamêdèni wong kathah | dene uwus anjumbuhi | kalawan Hyang Maha Suksma Kang Kawêkas ||

22. Wus anunggal sakaanan | sarira suksma pribadi | kapindhone kawaskithan | wikan purwaning dumadi | ing agal miwah rêmit | sawujud Bathara Luhung | akaprabawan saka | waskithanirèng panggalih | kaya-kaya uning sadurung winahya ||

23. Sumunu kang kaping tiga | iku lênyêp sun-aranni | karêpe wingit sanyata | antêng ruruh anyênênni | de wus nugraha jati | Bathara ingkang linubunglinuhung. | kaprabawanan saka | sarwa dyatmika ing budi | nanging§ Prayoginipun / nenging /. nala nêrusi marang sarira ||

24. Sumulap ingkang kaping pat | lêmarap ingsun-aranni | angulapi karêpira | iya iku (m)balêrêngi | kang mandêng tan kuwawi | dene ta uwus saèstu | rikang sotya-bathara | awit kaprabawan saking | anarawang sadaya sarwa pramana ||

25. Mamarap kang kaping lima | lêmahab ingsun-aranni | maladi karêpe ika | iya iku angurubi | dene ta wus linêwih | sajiwa-bathara iku | wus kaprabawan saka | sarwa wibawa wiryadi | uwus ganêp prabawa limang prakara ||

26. Kumpule prabawa lima | juga lungit kadwi wingit | tri wingit ngulabi warna | kaping limane maladi | gênahe prabawèki | kang sapisan iku alus | mêdèni kapindhonya | kaping trine anyênênni | pat (m)blêrêngi amaladi limanira ||

27. Prabawa ingkang prabawa | waskitha ingkang rumiyin | pangrasa [pang...]

--- 3 : 31 ---

[...rasa] ping kalihira | dyatmika kang kaping katri | pramana caturnèki | wibawa ping limanipun | atusing pangandika | -nira Sang Hyang Odipati | myang pra dewa dyan muksa mring pakayagan ||pakayangan.

28. Mangkene kang Sastra Cêtha | mungguh Panca purwandèki | bumi gêni angin toya | dadi jasate kang jalmi | langit ngibaratnèki | ing alam suwung satuhu | dene wus kanyataan | amêngkoni ing dumadi | de karêpe batin mêngku kalairan ||

29. Dene ta Panca dumadya | Pancadriya dunungnèki | pangraos ingkang sapisan§ Prayoginipun / kapisan /. | pamyarsa kang kaping kalih | pangucap kang kaping tri | pangganda kang kaping catur | paningal kang kaping lima |Lebih satu suku kata: paningal kaping lima. sadayèku padha dadi | trêsandhaning uripe ingkang manungsa ||

30. Mungguh kang Panca prabawa | puniku amratandbaniamratandhani. | katarimaning manungsa | katingaling sarira di | waskitha têgêsnèki | lêrêsing pramana èstu | pangrasa têgêsira | lêpasing karya sayêkti | pramana pan lêpasing pandulunira ||

31. Dyatmika ing têgêsnira | sênênning cahya mranani | wibawa têgêse apan | mêngku sakèh raos jati | pinêtak lima malih | sarira-bathara iku | uwus abadan budya | sawujud bathara nênggih | satuhune uwus nunggal warna rupa ||

32. Nugraha-bathara ika | uwus ênêng sarta êning | netra-bathara iku pan | uwus linêpas ing budi | sajiwa-bathara di | wus langgêng kaananipun | kawula Gusti nunggal | lah anakmas wus barêsih | Sastra Jendra unggahe mring Sastra Cêtha ||

33. Mas Cêbolang matur nêmbah | nuwun kalangkung kapundhi | suraosing Sastra Jendra | Sastra Cêtha amungkasi | tumuplêgtumumplêg. ing maknawi | saking ing pangraos-ulun | kinarya lalantaran | ing agêsang wus nyêkapi | kantun nyadhang ing kanugrahan kewala ||

34. Ulun mirêng cacriyosan | sang Aprabu Majapahit | Brawijaya kang wêkasan | wontên santri angaturi | salin sarengat Nabi |

--- 3 : 32 ---

ananging sang nata puguh | santri pundi punika | kang munjuk sri narpati | miwah kadospundi pangandikèng nata ||

35. Kang matur (n)jêng sri narendra | namane dyan santri Ngali | arine nama dyan Rahmad | putrane Molana Brahim | kang ibu saking nagri | Cêmpa putrine sang prabu | Kiyan narendra Cêmpa | anggawa kadang sawiji | naking sanak nama dyan Ngalim Hurerah ||

36. Tri santri wayah sri Kiyan | samya marang Majapait | tuwi uwa putri Cêmpa | Ratumas Andarawati | garwane sri bupati | cêkake basa wus cundhuk | kalangkung suka rêna | sang prabu lan pramèswari | sinunggata lalangên srimpi badhaya ||

37. Ananging santri titiga | tan dadya rênaning galih | ing lalangên kawiwahan | sang aprabu wus udani | sêmuning sambang-liring | wasana ngandika arum | èh sutèngsun titiga | paran ingkang dadya kapti | payo anggèr sira tutura prasaja ||

38. Aturing putra titiga | dhuh (n)jêng uwa sri bupati | bilih kêparênging karsa | mangkya (n)jêng uwa sarimbit | anunggil kang agami | kalawan amba pukulun | mumuri Islam mulya | nabêt tabèk para nabi | sukci anrus karênan karana Allah ||

39. Jroning Kitab pira-pira | pan sampun mundhut§ Prayoginipun / cundhuk / = cocog. ing Tapsir | agung ing dalajatira | kamulyaning para nabi | labêt saking ngluluri | agêming agama luhung | marma paduka uwa | karsaa animbang budi | botên langkung sampun kirang pangaksama ||

40. Wau ta duk amiyarsa | narendra ing Majapait | aturing pulunanira | mitêg kapêtêg ing galih | mêpêt pêt manaputi | ewuhaya rèhing kayun | lamun ajêng§ Prayoginipun / lajêng /. anuta | lingsêm jênênging narpati | kurang mantêp kang wus têtêp tinêtêpan ||

41. Dadya katangkis wacana | maring pra pulunan katri | kulup bênêr aturira | nanging rasane tyasmami | mêngko ingsun tan apti | ngingkêdi agamaningsun | ingkang wus kalampahan | linuru linuri-luri | pra lêluhur linuhur kaananira ||

--- 3 : 33 ---

42. Dene kaya agamanta | ingsun pan ora mancèni | papancène sowang-sowang | sawang sawunganing luwih | êmbuh ingkang patitis | têtêse dènnya mring putus | buntasing kanyataan | tata panitining pati | jêr mangkono kang kinênan kuna-kuna ||

43. Tandha wahananing ana | padha kocap jroning tulis | sida sidining Kabudan | dènnira (n)doning kadadin | upama sun anampik | agamane pra luluhur | ing mula mulanira | kang wus padha dènranggoni | dadi mokal babakal kaliru akal ||

44. Jujul wuwul katariwal | anungsang buwana balik | anambuhi ingkang ana | ingkang tan ana dènincih | eman wus dèn-têmêni | laku kang kalakon iki | alanga tan kawilang | susulang kang wus dèn-liling | alimana hya dadya cugêting nala ||

45. Para pulunan titiga | lêgêg sakala miyarsi | panggah pungguh ingkang uwa | narendra ing Majapait | dadya ciptaning galih | pan wus karsaning Hyang Agung | beda kabudayanta§ Prayoginipun / budayanya / [malah salah sebab harus 7a / kabudayannya]. | bêgja bêgjane kang lali | luwih bêgja kang eling lawan waspada ||

46. Kèndêl ature mring uwa | angandhar-andhara ajrih | kapi dahwèn andêdawa | kadaut datanpa kardi | rubeda ngriribêti | sumendhe rèhing Hyang Agung | nanging wau kang uwa | pramèswari Dwarawati | sinung Islam anut agamining putra ||

47. Pan wus manjing Islam mulya | kawênganan iman§ Prayoginipun / imam / [simbol bintang tidak ditunjuk dalam teks]. suci | kang raka Sri Brawijaya | jumurung ingkang sudyaptisêdyapti. | malik melik agami | yata wong agung katêlu | sae di ingkang uwa | Pramèswari Dwarawati | dènnya kêsdu anuting agama Islam ||

48. Cêbolang suka miyarsa | matur kados sri bupati | wus angagêm Sastra Jendra | wangsulanipun patitis | mantêp têtêp nêtêpi | agama luluhuripun | dyan mênggung angandika | walahu alam ta kaki | jêr sri nata tinakdir kalipah Suksma ||

49. Cêbolang malih aturnya | rahadyanRahadyan. Ngali punapi | kang nama Ngali Murtala | jumênêng iman§ Prayoginipun / imam / [simbol bintang tidak ditunjuk dalam teks]. Garêsik | radèn Rahmat punapi | Susunan Ngampèl puniku | dyan Ngalim Abu Hurerah |Lebih satu suku kata: Dyan Ngalim Abu Hrerah. Sunan Majagung kêkasih | iya iya kulup wus bênêr sadaya ||

--- 3 : 34 ---

50. Ing wanci surya gumlewang | dyan mênggung ngandikèng dasih | èh ta bocah panakawan | dhaharku yèn wus miranti | gawanên mrene uwis | dak kêmbul lan anak bagus | sêkul ulam lumadya | tinata anèng ing dhimpil | dyan tumênggung nadhah lawan Mas Cêbolang ||

51. Nutug kalih dènnya nadhah | linorotkên mring Nurwitri | Cêbolang nêmbah pamitan | dyan tumênggung anglilani | ngandika arum manis | mêngko sore bae kulup | muliha mring pondhokan | upamane wong ambukti | durung tuwuk salin têmbang Pangkur barang ||

182. Pangkur

1. Cêbolang kalangkung suka | duk winêngan dènnya marsudèng budi | kaindhakaning kang kawruh | umatur kadi paran | bilih badhè sumêrêp ing dhawahipun | dintên tanapi pêkênan | tanggalipun wulan ngarsi ||

2. Utawi angkaning warsa | nanging taunnipun datan tinulis | punapadene kang windu | paran ing pangupaya | dyan tumênggung alon pangandikanipun | lamun arsa milang tanggal | mangkene pangupayèki ||

3. Nêptuning taun ingetang | Alip siji Ehe lilima nênggih | Jimawal nêptu katêlu | Je pitu Êdal papat | Ehe loro Wawu nênêm nêptunipun | Jimakir nêptu titiga | kinumpulan nêptu sasi ||

4. Sura pitu nêptunira | Sapar loro Mulut katiga yêkti | Rabingulakir limèku | Jumadilawal nêmnya | Madilakir siji Rêjêp kalih nêptu | Ruwah papat Pasa lima | Sawal pitu nêptunèki ||

5. Dulkangidahe satunggal | de Bêsare titiga nêptunèki | nêptuning wulan myang taun | ginunggung dyan ingetang | manut Kurup kang dadi kawiting etung | pama Kurup Ngarbangiyah | Rêbo kawit etang siji ||

6. Iki Êje taunnira | arêp ngetang tanggale Bêsar ngarsi | Êje nêptune pipitu | Bêsare nêptu tiga | nêptu taun lan sasi gunggung

--- 3 : 35 ---

sapuluh | tanggale mêsthi Jumuah | dene yèn arsa ngulati ||

7. Pasaranne ingkang tanggal | kawruhana nêptune tahun sasi | Alip lima He nawèku | Jimawale sakawan | Êje têlu Êdal loro Be pipitu | Wawu siji nêptunira | Jimakir lima winilis ||

8. Sura Sapar samya lima | Mulut Rabingulakir nyanga sami | Jumadilawal tatêlu | Jumadilakir tiga | Rêjêb Ruwah samya kalih nêptunipun | Pasa Sawal anyatunggal | Sêla Bêsar gangsal sami ||

9. Iki Je nêptu têtiga | sasi Bêsar lilima nêptunèki | tri lan lima dadi wolu | yèn Kurup Arbangiyah | awit etung siji Kaliwon puniku | pasthi tanggal Bêsar ngarsa | ing dina Jumuah Paing ||

10. Kalamun Kurup Kamsiyah | pasaranne ingetung awit Lêgi | mangkono saurutipun | dene angkaning warsa | lamun ayun angawruhi taunnipun | iku dhingin ngawruhana | wiwitane ingkang warsi ||

11. Duk Ajisaka ngajawa | etung siji Wawu taunnirèki | lorone Jimakir iku | Alipe taun tiga | Ehe papat Jimawal kalimanipun | Je nênêm Dalle kasapta | Be wolu dyan Wawu maning ||

12. Wowolu cacahing warsa | pira kèhe angkaning punang warsi | dyan binuwang wolu-wolu | kalamun nganti têlas | pan tartamtu iku Êbe taunnipun | kalamun kariya tunggal | apan Wawu taunnèki ||

13. Kari dwi Jimakir warsa | kari têlu Alip taunnèki | kari papat Ehe taun | kari lima jimawalJimawal. | kari nênêm Êje punika kang taun | kari pitu Dal kang warsa | saiki angkaning warsi ||

14. Sèwu limang-atus lawan | sawidak-nêm kasuda wolu kaping | satus nawa-luh limèku | pasthi nênêm karinya | angka nênêm apan Êje taunnipun | apa iya nora salah | nuwun sampun botên sisip ||

15. Mênggah windu kadiparan | lah mangkene patrape ngupayèki | sapira angkaning taun | kang ayun kinawruhan | ingkang dhingin kasuda loro puniku | Wawu Jimakir windunya | Sangara ingkang (n)darbèni ||

--- 3 : 36 ---

16. Anulya malih ingetang | sakirane angkane ingkang warsi | wusing kalong loro mau | banjure kaparaa | têlungpuluh-loro yèn cèplês puniku | tartamtu windu Sangara | dene ta kalamun kari ||

17. Ji ro lu pat têkèng astha | windunira Sancaya pan wus pasthi | yèn kari sanga sapuluh | tumêkane nêmbêlas | windu Adi puniku pan wus tartamtu | kari pitulas tumêka | patlikur windunirèki ||

18. Tartamtu Windu Kunthara | lamun kari salawe têkanèki | têlungpuluh-siji iku | bali Windu Sangara | lah cocogna taun sèwu-limangatus | sawidak-nêm kasudaa | pan roro bae rumiyin ||

19. Sakarine kaparaa | têlungpuluh-loro pira kang kari | Cêbolang sawusnya ngetung | umatur kantunnira | wolulikur dhawah punapa kang windu | kulup Windune Sangara | iya ing taun puniki ||

20. Babo kulup cocogêna | apa bênêr mungguh pangetungmami | Mas Cêbolang nêmbah matur | lêrês dhawah Sangara | dhuh pukulun mugi paringa pituduh | kridhaning aksara Jawa | dyan mênggung ngandika aris ||

21. Ana kaol kawruhana | nêptuning kang aksara kang winilis | ha ya nêptune sapuluh | na ba loro nêptunya | da ma ta pan papat iku nêptunipun | pa ra ka wolu nêptunya | ca ja têlu nêptunèki ||

22. De ga wa la tha nya dha nga | apan sami nênêm nêptunirèki | sa rolas nêptunirèku | yèn arsa asung nama | marang lare miwah marang wong ngasêpuh | apa ta aksaranira | kang kalêbu jroning nami ||

23. nêptu kang urip ingetang | kinumpulkên sapira akèhnèki | pambuwange pitu-pitu | pama kari sajuga | Sagara-lit punika langkung linuhung | watêke sagara apan | amot ing sakalir-kalir ||

24. Yèn kari loro ingaran | Kidang ancik-ancik arungga yêkti | watak angkuh lawan lêngus | panastèn tur melikan | lamun kari têlu iku luwih bagus | aran Satriya-wibawa | pênêt sandhang pangan luwih ||

25. Lawan ana singgihira | rada darbe panggayuh kang utami | yèn

--- 3 : 37 ---

kari papat puniku | aran Bumi-kapêtak | wawatake kangèlan sakaliripun | lamun karine lilima | Satriya-wirang namèki ||

26. Punika ala priyangga | lamun kari nênêm namanirèki | Sumur sapucaking-gunung | tiba sêdhêng watêknya | lamun têlas Purnama-sidhi rannipun | pan pênêt padha trang nala | upama namaning janmi ||

27. Harjana nêptu limalas | gya binuwang pitu-pitu ping kalih | kari siji etungipun | Sagara-lit tibanya | lamun jênêng Suwarjan etung salikur | pinèt pitu kaping tiga | cèplês lan Purnama sidhi ||

28. Apa wus mangêrti sira | Mas Cêbolang umatur mangênjali | kula nuwun inggih sampun | radyan malih ngandika | ana maning kridhaning sastra rongpuluh | kanggo ngetang jatukrama | nanging nêptune ginanti ||

29. Ha siji Na loro ika | ca têtêlu ra papat ka limèki | da nênêm ta pan pipitu | sa wolu wa sasanga | la sapuluh pa sawêlas nêptunipun | dha rolas ja-ne têlulas | ya patbêlas nêptunèki ||

30. Nya limalas ma nêmbêlas | ga pitulas ba wolulas nêptunèki |Lebih satu suku kata: ga pitulas ba wlulas nêptunèki. tha sangalas nga rongpuluh | wus jangkêp dyan ingetang | dhewe-dhewe nama lit wadon rumuhun | gunggunge katêmu pira | sanga-sanga (ng)gonne nglongi ||

31. Banjur aranne kang lanang | pan katêmu pira kumpulirèki | uga jinupuka gupuh | lah iya sanga-sanga | sakarine aranne wadon lan jalu | iku kulup kang dènetang | patrap Wirangrong gumanti ||

183. Wirangrong

1. Lamun kari padha siji | awèt (ng)gonnira jojodhon | yèn kari siji lan ro kang jalu | sih siniyan bêcik | tan pêgat salaminya | tulus dènnya palakrama ||

2. Yèn kari siji lan katri | nora awèt kang jêjodhon | kêrêp tutukaran pêgat laju | yèn kari sawiji | kalawan kari papat | tan awèt gêlis pêgatan ||

3. Kari siji lan limèki | awèt (ng)gènnira jêjodhon | kari siji lawan

--- 3 : 38 ---

nênêm iku | ora awèt mêsthi | tan lami nuli pêgatan | harda adrêng tan widada ||

4. Kari juga lan saptèki | gêlis pêgat banjur satron | yèn kari sawiji karo wolu | santosa utami | yèn duwe anak brêgas | ambêg marta budi-darma ||

5. Yèn kari siji kang èstri | jalu kari sanga pantog | iku kang panuju jarakipun | (ng)gawa bêgja jati | sartane kang dêrajat | mangkya gantya karinipun ||

6. Kalih èstri jalu kalih | kasênêngan asih yêktos | sarta olèh rahmating Allahu | lamun kari kalih | lan tiga tan prayoga | salah siji glis palastra ||

7. Kari ro lan papat bêcik | salawase nora pêdhot | kari ro lan lima nora arus | dadi pêgat pasthi | kari ro lan kari sat | atute puniku lawas ||

8. Kari ro lan pitu pasthi | awèt (ng)gonnira jêjodhon | yèn kari ro lawan kari wolu | santosa ing krami | kari ro lawan sanga | awèt tur olèh dêrajat ||

9. Mangkya kari tiga lan tri | kêrêp anêmu pakewoh | lawan kêrêp lungan watêkipun | lamun kari katri | lan papat tan prayoga | ora condhong dadi ala ||

10. Kari têlu lan limèki | ora awèt dadi pêdhot | yèn kari tri lan pat iku atut | katrimèng Hyang Widdhi | purwa wasananira | ora ana kara-kara ||

11. Kari tri lan pitu nênggih | akèh bilai pinanggoh | jalu kalah lawan wadonipun | kari tri lan asthi | tan bêcik dadi pêgat | lamun bisa singkirana ||

12. Kari tri lan sanga bêcik | olèh rahmating Hyang Manon | tutug salaminya atut runtut | têntrêm tan kuwatir | êntèk kang kari tiga | tumêkane kari sanga ||

13. Padha kari papat bêcik | lanang kawisesèng wadon | tansah sih siniyan sru kayungyun | kari papat èstri | kang lanang kari lima | ora bêcik dadi pêgat ||

--- 3 : 39 ---

14. Kari papat lan nêm ugi | ora bêcik dadi pêdhot | yèn kari sakawan lawan pitu | sih siniyan nanging | ana satrune juga | sarate kudu prayitna ||

15. Kari papat lan asthèki | sih-siniyan tanpa pêdhot | lamun kari papat lan sangèku | yêkti nora bêcik | akèh angkaranira | mangkya ta ingkang ginantya ||

16. Padha kari limanèki | akèh bilai pinanggoh | kari lima lawan nênêm iku | uga nora bêcik | amêsthi dadi pêgat | prayogane singkirana ||

17. Yèn kari lima lan kari | pitu dadi ajêjodhon | ingkang wadon manut maring kakung | kari lima nênggih | lan wolu tan prayogi | dadi pêgatan sanyata ||

18. Yèn kari lima lan kari | sanga iku ati tabon | tansah sih siniyan lawan antuk | nikmat lair batin | iku kang dènupaya | têlas kang wit kari lima ||

19. Padha kari nêm winarni | bêcik slawase tumuwoh | kari nêm lawan kari pitu |Kurang satu suku kata: kari nênêm lawan kari pitu. punika lêstari | sanak sadulur padha | asih mring kang palakrama ||

20. Kari nêm lan wolu bêcik | bungah sênêng kang pinanggoh | kari nêm lan sanga bêcik namung | kang wadon pinasthi | kêrêp di (ng)go rêrasan | tamat kari nêm ginantya ||

21. Wadon kari pitu sami | jalu kari pitu awon | ora awèt lawan gung kawêngku | pinurih manuting | marang ing awakira | karsaning wadon masesa ||

22. Kari pitu lan asthèki | awèt (ng)gonnira jêjodhon | nging lanang kaprentah kinèn nurut | maring ingkang èstri | kari sapta lan sanga | lawas-lawas dadi pêgat ||

23. Gantya kari wolu èstri | jalu kari wolu jumboh | puniku prayoga dènnya dhaup | ing salaminèki | tan ana sangsayanya | yèn bisa dènulatana ||

24. Yèn kari wolu kang èstri | jalu kari sanga manggon | bêcik awèt dènnya dhaup runtut | nanging mênèknèki | akèh bilainira | ingkang iku kang prayitna ||

--- 3 : 40 ---

25. Pungkasane etung bincil | kari sanga lanang wadon | èstri kèdhêp marang kakungipun | ananging sring-asring | tukaran lawas-lawas | wus tartamtu dadi pêgat ||

26. Tamat jarak laki-rabi | upamane ingkang wadon | aranne Kaminêm pan katêmu | sangalas winilis | binuwang sanga-sanga | dadine kari sajuga ||

27. Kang lanang aran Surahmin | pan wolulikur pinanggoh | anulya dènêlong sanga ping tlu | uga kari siji | padha siji karinya | tiba awèt palakrama ||

28. Kaki apa wus mangêrti | sapiturute mangkono | Mas Cêbolang matur nuwun sampun | saèstu kapundhi | sadaya pangandika | kang wus dhumawuh mring amba ||

29. Tarlèn sungkême kang dasih | ing lair tumêkèng batos | ing donya dêlahan tan kalimput | rumasuk tyas siri | dyan mênggung angandika | he kulup alkamdulillah ||

30. Basane ingsun mijèni | muji tuwuh tumêkèng woh | nir sakèhing ama dadi subur | woh dadi tan malih | malah kapara mundhak | rupa èdi amirasa ||

31. Ywa kaduk abela tampi | kulup sun pojar sayêktos | lamun sira jênak nèng Matarum | rèhning mudha pêkik | kèh kang dadi rubeda | sambekalane tyas mudha ||

32. Mas Cêbolang duk miyarsi | katuju tyasnya sumêdhot | nêmbah ngraup suku saha matur | dhuh sang pramèngkawi | saèstu kasinggihan | pangandika kang winahya ||

33. Datan langkung ingkang dasih | nyuwun pangèstu kemawon | pinaringan èngêt tyas rahayu | undur-ulun saking | ing ngarsa (n)jêng paduka | lajêng (n)dumugèkkên lampah ||

34. Sun paring pangèstu kaki | ywa pêgat prayitnèng batos | èh Nurwitri sira wêkasingsun | saparan hya kari | lawan bêndaranèki | Nurwitri nêmbah sandika ||

35. Mas Cêbolang lan Nurwitri | wus mundur lampahira lon | nèng marga datansah imbalwuwus | lah kakang Nurwitri | risang paramabasa | kalamun ta ginunggunga ||

--- 3 : 41 ---

36. Baya sawêngi tan uwis | Nurwitri mèsêm turnya lon | inggih kasinggihan basanipun | angalêm manising | madu gêndhis myang kilang | mênggah dhawuh kang pungkasan ||

37. Kadipundi ing panggalih | kang iku kang dakraos |Kurang satu suku kata: kang iku ingkang dak raos. paran rêmbugira ingsun turut | janji nora mulih | marang ing Sokayasa | Nurwitri mucung turira ||

184. PocungTeks asli: Pucung.

1. Punapinggih ing panggalih dèrèng tutug | prayogi prasaja | kula botên nêdya kari | ngèstokakên dhawuhipun sang kawindra ||

2. Kêncênging tyas kakang aku arêp (m)banjur | marang tanah wetan | manut tumindaking sikil | mêngko yèn wus têka ing pondhok pamitan ||

3. Marang simbok marang adhi yèn wus dhaup | banjur bae mangkat | prayogane laku santri | langkung atut jangji nuntên kalaksanan ||

4. Nêngna wau kang eca imbalan wuwus | nabannahan. Mat Têngara | yun mêthuk tamunirèki | lagya dandan kasaru ana dhatêngan ||

5. Abdidalêm ajar asramèng Kapurun | anama Sutiksna | (n)darojog lumêbèng panti | Ki Têngara gurawalan dènnya mapag ||

6. Lon umatur bêgja kêmayangan èstu | paduka tumêdhak | Ki Ajar wacana aris | iya jêbèng (ng)gonningsun sowan mring praja ||

7. Tampi dhawuh sesuk ing sadurungipun | purnamaning surya | karsane sri narapati | ingsun kinèn umarêg manjing jro pura ||

8. Karsaning Hyang kinèn mampir ing wismamu | ywa kurang aksama | pêksa ulun angrêgêdi | ing wismanta muhung saratri kewala ||

9. Banjurêna (ng)gonnira amapag tamu | kotamaning gêsang | urmat maring ing têtami | (ng)gonku mampir basane kapasang yogya ||

10. Mat Têngara (ng)guguk lajêng mapag tamu | praptèng (n)jawi dhadhah | Mas Cêbolang wus kaèksi | kapang-kapang tundhuk lawan Mas Cêbolang ||

--- 3 : 42 ---

11. Adhuh kakang de kantos sadintên muput | baya kacondhongan | Mas Cêbolang lingira ris | kula pamit ngantos rambah kaping tiga ||

12. Dhawuhipun kinèn angêntosi surup | kilap ta rahadyan | têka kaparêng panggalih | tanpa wangsul punapa saatur kula ||

13. Kakang sokur kaparêng radyan tumênggung | kula katamuan | Ki Ajar Sutiksna sidik | wus tinutur sadaya mring Mas Cêbolang ||

14. Kula laju Ki Ajar ngantos nèng pintu | tandya wus lumampah | Ki Ajar mapag nèng kori | tundhuk nulya pinarak anèng pandhapa ||

15. Mat Têngara lan santri catur abikut | nata pasunggata | samêkta lumadyèng ngarsi | Mas Cêbolang ngancarani Kyai Ajar ||

16. Lah sumangga rinahaban sêgahulun | Kyai Ajar tanggap | wusing nadhah dyan cinarik | kinantunkên wedang kalawan nyamikan ||

17. Sarwi êmpuk-êmpuk raos manis arum | Kyai Ajar tanya | kenthol ulun nilakrami | sinambating wawangi miwah pinangka ||

18. Mas Cêbolang matur purwa wusanèku | Kyai Ajar latah | kalingane wong ngasigit | atmajane risang wus slira-bathara ||

19. Yèn kandhêga anèng ing praja Matarum | babo kambing wana | narendra Cintakapuri | pangudange sudarma nir pangrèhpraja ||

20. Damar mancung samantên kewala cukup | nahan Mas Cêbolang | nglocitèng tyas duk miyarsi | cocog têmên lan dhawuhe sang kawindra ||

21. Têka jumbuh baya iki wus sakuwuakuwu. | alon aturira | yèn sang wiku nayogyani | benjing-enjing ingsun nilar Ngèksiganda ||

22. Manthuk-manthuk Sutiksna wacana arum | tabiyating praja | sabarang nganggo winilis | mrih pakantuk ing lampah mrih tan sangsaya ||

23. Etung pati-dina puniku pakantuk | kalamun lêlungan | ngupaya kasil sakalir | patine kang dina yèku ywa katrajang ||

24. Watonnipun nêptuning dina ingetung | kalawan pasaran |

--- 3 : 43 ---

kinumpulkên dadi siji | awit wetan winilis etung sajuga ||

25. Loro ngidul katêlu mangulon laju | mangalor kaping pat | balik awit wetan malih | ngêndi dhoke iku kang ran pati-dina ||

26. Akad lima Isnène papat kang nêptu | Salasa titiga | Rêbo pitu wolu Kêmis | Jumwah nênêm Saptune nêptu sasanga ||

27. Pasaranne Kaliwon nêptune wolu | Lêgi nêptu lima | Paing sanga nêptunèki | Pon pipitu Wagene nêptu sakawan ||

28. Pati-dina nuju nèng wetan cinatur | yèn kapanggih nawa | myang têlulas lawan malih | pan kapanggih pitulas ingetangira ||

29. Akad Wage Sênèn Lêgi nawa jumbuh | Akad Kaliwon lan | Sênèn Paing Kêmis Lêgi | Jumngah Pon Saptu Wage ênêmbêlas ||Kurang satu suku kata: Jumungah Pon Saptu Wage ênêmbêlas.

30. Kêmis Paing kapanggih pitulas iku | Sêtu Kliwon uga | pitulas etangannèki | pati-dina nèng wetan apan sasanga ||

31. Pati dina ana kidul kang tinutur | kalamun kapanggya | sadasa kalawan malih | yèn petange ingkang panggih kawanwêlas ||

32. Akat Lêgi kalawan Slasa Ponnipun | JunungahJumungah. Wage pan | nêptunipun apan sami | anyadasa punika ing petangira ||

33. Akat Paing lawan Rêbo Êponnipun | Jumungah Kliwonnya | Sêtu Lêgi iku sami | ngawanwêlas pati-dina kidul sapta ||

34. Pati-dina nuju nèng kulon ginalur | yèn kapanggih sapta | sawêlas kalawan malih | pan pinanggih limalas ing petangira ||

35. Slasa Wage kapanggih sapta ingetung | Sênèn Pon kalawan | Slasa Kliwon Rêbo Wage | Jumwah Lêgi sami kêpanggih nyawêlas ||

36. Rêbo Kliwon Kêmis Êpon malihipun | Jumungah Paingnya | nglimalas petangirèki | pati-dina nèng kulon etange astha ||

37. Pati-dina ana êlor kang winuwus | yèn katêmu astha | kalawan rolas lan malih | yèn pinanggih nêmbêlas ing petangira ||

38. Sênèn Wage Slasa Lêgi padha wolu | Akad Pon kalawan | Sênèn Kliwon Slasa Paing | Rêbo Lêgi Kêmis Wage padha ngrolas ||

--- 3 : 44 ---

39. Rêbo Paing lan Kêmis Kaliwonnipun | miwah Saptu Ponnya | samya nêmbêlas winilis | pati-dina nèng lor sapuluh kathahnya ||

40. Pati-dina nèng têngah sawiji amung | katêmu wolulas | nuju dina Saptu Paing | tamat ingkang etangan patining dina ||

41. Lamun maksih umbèrombèr = longgar. singkirana kulup | etang kang tan arja | mung yèn kaslêpêg ywa gigrig | tyas kang kandêl kumandêl Suksma Kawêkas ||

42. Mas Cêbolang matur kapundhi kaêmbun | dadosa jijimat | timbalane sang ayogi | bilih wontên malih kang kêdah winekan ||winikan.

43. Kêparênga mêdharkên sawontênipun | kinarya darsana | kalawan ing têmbe wingking | bilih wontên anak putu kang tatanya ||

44. Ana maning petungane kanca gunung | ingaranan Rakam | kaanggo salaki-rabi | myang ngadêgkên omah sapapadhanira ||

45. Sawusipun pakantuk dinane Wuku | tinumpangan Rakam | tumbuk kang wis ran prayogi | lan manggonning wulan tumrap ing pakaryan ||

46. Panjukuke uga saka nêptunipun | ingaran pasaran | kinumpulkên dadi siji | Jurudêmung nênêm-nênêm pambuwangnya ||

185. Jurudêmung

1. Nêptuning ari pasaran | beda lan kang kasbut ngayun | Jumuwah siji ingetung | Saptu loro Akad tiga | Sênènne sakawan nêptu | Slasa lima Rêbone sad | Kêmise nêptu pipitu ||

2. Dene nêptune pasaran | Kaliwon siji puniku | Lêgi loro Paing têlu | Êpon nêptune sakawan | Wage lima ingkang nêptu | wusing kumpul kajupukan | aranne mangkya winuwus ||

3. Kalamun kari anjugasajuga. | ingaranan nuju padu | awon dene watakipun | sabarang kudu sulaya | apadudon tansah ngêdur | yèn kanggo (n)dhaupkên apan | pangantèn sulayèng kayun ||

4. Kari kalih ingaranan | Dêmang-kandhuruwan iku | mungguh watêke liripun | kakurangan sandhang pangan | kêrêp nandhang [nan...]

--- 3 : 45 ---

[...dhang] lara tuhu | lamun kanggo palakrama | pangantèn nandhang kadyèku ||

5. Kari têlu ingaranan | Sanggar-waringin pakantuk | bêcik asrêp watakipun | anêmu suka raharja | rêjêkinira sêmpulur | kaanggowa palakrama | uga mangkono pinangguh ||

6. Kari papat ingaranan | Mantri-sinaroja bagus | kadugèn sakarsanipun | winantu suka raharja | sênêng tan kuciwèng sêmu | kanggo (n)dhaupkên pangantyan | puniku luwih pakantuk ||

7. Kari lima apan aran | Macan-kêtawang liripun | tinêbihan kinèringan mung | sring ana kang sêdya ala | lan asring kelangan iku | kaanggowa palakrama | uga mangkono tinêmu ||

8. Pungkasan kari nêm aran | Nuju-pati watakipun | mati pêt rêjêkinipun | sandhang panganne rêkasa | lamun ana mantèn dhaup | nora lawas dadi pêgat | tur nandhang susah mawantu ||

9. Dina kang petungannira | Anuju-padu winuwus | ana lima iku kulup | Akad Pon Sênèn Paingnya | Slasa Lêgi puniku |Kurang satu suku kata: Salasa Lêgi puniku. Rêbo Kaliwon kalawan | Saptu Wage mung puniku ||

10. Nuju Dêmang-kandhuwuran | ri Akad Wage puniku | Sênèn Êpon kalihipun | Salasa Paing titiga | Rêbo Lêgi kang kacatur | Kêmis Kaliwon kalima | Jumuwah Kliwon nêmmipun ||

11. Sanggar-waringin manggonnya | ri Sênèn Wage puniku | Slasa Êpon kalihipun | Rêbo Paing katiganya | Kêmis Lêgi kaping catur | Jumuwah Lêgi kalima | Saptu Kliwon kanêmmipun ||

12. Nuju Mantri-sinaroja | Akad Kaliwon puniku | Slasa Wage kalihipun | Rêbo Êpon katiganya | Kêmis Paing kaping catur | Jumuwah Paing kalima | Sêptu Lêgi nênêmmipun ||

13. Anuju Macan-kêtawang | ri Akad Lêgi puniku | Sênèn Kliwon kalihipun | Rêbo Wage katiganya | Kêmis Êpon kaping catur | Jumungah Êpon limanya | Saptu Paing nênêmmipun ||

14. Nuju-pati pungkasannya | ri Akad Paing puniku | Sênèn Lêgi kalihipun | Slasa Kaliwon katiga | Kêmis Wage caturipun | Jumuwah Wage kalimanya | Saptu Pon pungkasanipun ||

15. Tamat petunge kang Rakam | sirik yèn maido kulup | yèn

--- 3 : 46 ---

ngandêlkên dadi luput | anggon-anggon ana sira | wus samene bae cukup | nahan kang samya miyarsa | sukèng tyas tan ana ngantuk ||

16. Ki Ajar malih ngandika | nalika nom-nommaningsun | kang dadya sêngsêming kalbu | tan lyan namung ngabotohan | kêplèk kècèk posing-dhadhu | saya lama mundhak (n)dadra | nganti wêgah sudarmèngsun ||

17. Barang darbèking wong tuwa | êntèk dak (ng)go main dhadhu | basa wis blindhis katèngsun | isin marang ing sasama | kalawan bangêt wêdiku | marang yayah miwah rena | kalakon lunga ngalangut ||

18. Ana sawiji juragan | saka Ngatasangin iku | wêlas trisna mring awakku | tinari kinèn miluwa | mulih marang prajanipun | bangêt bungahing tyas-ingwang | banjur ginawa mring prau ||

19. Sajrone nèng prau layar | Ki Juragan sabên dalu | kasukan lan rowangipun | para juragan hartawan | sarananing rupa kêrtu | rèhingsun karêm kasukan | sabên nonton muput-muput ||

20. Ana gêlane tyasingwang | bayarane têka kantun | sajrone nyêkêl mung etung | Ki Juragan anggraita | wasana alon lingipun | luwih sênêng sira baya | marang ing kasukan kêrtu ||

21. Aturku dahat karênan | tuwan gya angsung pitutur | sadurunge sira pêcus | ingkang dhingin ngawruhana | rèhning iki langênnipun | pra luhur Ngatasmaruta | tabiyat kudu tiniru ||

22. Ing nalikane kasukan | tan kêna murang-rèh iku | ing kaluhuran saèstu | wit wus kabudi dening kang | para marsudi budyanung | tinêmuning ing pambudya | nitik saka prantinipun ||

23. Èdi panggonan pinarnah | tan ana kuciwèng sêmu | sarta kèh gumêlaripun | tan katon wujuding arta | ingkang minangka tohipun | muhung sêtyane wacana | ingkang inganggêp ginugu ||

24. Dadine iki kasukan | tetela têmên yèn dudu | bobotohan golèk untung | dudunung§ Prayoginipun / dumunung /. ran kalangênan | para satriya pra luhur | ingkang nganggo papantêsan | sanadyan lêlangên iku ||

--- 3 : 47 ---

25. Sasuwene kalangênan | ngati-ati tan kalimput | kaprabonira ngaluhur | jatmikane solahbawa | awit kang mangkono mau | makuthaning kaluhuran | lamun dianggo wis tamtu ||

26. Sumorot prabaning wirya | sarta mawa prabawa gung | kawuryan lajêring punjul | sasamanirèng tumitah | kulup aku basa krungu | dak rasa nadyan botohan | nanging nora tinggal ngèlmu ||

27. Tatakrama wiryèng praja | tuwan (m)banjurke pitutur | mulane sasuwenipun | kasukan lamun pinuju | ngêdum tan anyêkêl kêrtu | datan kêna tumingala | mring kêrtu cêkêlanipun ||

28. Mêngsah sakiwa têngênnya | myang babarpisan tan antuk | muruki pamainnipun | ênggonne tumingal ngantya | ngawonakên jêjêging lungguh |Lebih satu suku kata: ngawonkên jêjêging lungguh. rongèh rècèh pamicara | ingkang mangkono puniku ||

29. Winawas kurang jatmika | nyudakkên ujwalanipun | wingiting ngawirya suwung | de muruki iku apan | amung ala kang pinangguh | sabab lamumlamun. kabênêran | ênggonne muruki mau ||

30. Nora wurung iku dadya | muring-muring mungsuhipun | yèn tan kabênêran èstu | jalma ingkang winurukan | panutuhe wantu-wantu | malah asring ingaranan | angloropakên mring mungsuh ||

31. Yèn (ng)gonne muruki apan | awit paron êtohipun | têmbung barandonan rukun | iku saya ora kêna | saru luput nistha muput | sabab dudu panggaotan | kang muhung ngupaya untung ||

32. Iki lalangên kawiryan | pêpantêsaning ngaluhur | uwong kang mangkono mau | èstu kêna ingaranan | ngrêgêdi lêlangênipun | wong agung ngawiryèng praja | lan manèh kajaba iku ||

33. Mangka sajroning kasukan | solahbawa kurang patut | murang tatakramanipun | myang ngêcakkên tyas dursila | iku aprasasat uwus | rucat kasatriyanira | tan pantês kumpul ngaluhur ||

34. Gumêlaring solahbawa | ingkang uwus kasêbut ngayun |Lebih satu suku kata: ingkang wus kasêbut ngayun. para amarsudi kawruh | banjur anggubah wasita | patraping lêlangên kartu | kinarya kakalih warna | nunggil-misah rasanipun ||

--- 3 : 48 ---

35. Kang sapisan winasitan | nênêm ukara puniku | tarampil ingkang rumuhun | tarêtip tata tumulya | tajêm tumeja nêmmipun | sawijine kapralambang | sastra pandhawa wandèku ||

36. Kalima sastra suwara | aksara O[...] kang rumuhun | aksara I[...] kalihipun | aksara U[...] kaping tiga | aksara A[...] kaping catur | aksara E[...] kalimanya | wasita jinarwan Gambuh ||

186. Gambuh

1. Tarampil têgêsipun | aparigêl pangasuting kêrtu | tumindake nora cêpêt ngati-ati | ingkang katon alus turut | datan gumluwèh garoboh ||

2. Tarêtip têgêsipun | aparimpên myang rêmit satuhu | kayata yèn angasut myang ngêdumnèki | miwah panyêkêling kêrtu | tulising jro gyan tan anon ||

3. Yèn cêkêlanirèku | nganti katon kiwa têngênipun | kêna yêkti panggrayang kirang prayogi | dinakwa lamun sakuthu | kalêbu ati dur awon ||

4. Yèn nganti katon mungsuh | nir pikantuk tumrap badannipun | ing panyêkêl haywa-pêgat ngati-ati | lawan tan miturut wuruk | nora arus têmah awon ||

5. Tata mangke winuwus | apan bêcik lir dêksura anduk | ngêlungake anjupuk miwah nampani | mêsthi tangan têngên iku | kang katon taklim tinonton ||

6. Tumuli têgêsipun | rikat cêkat kayata yèn ngasut | ngêdum (m)buwang atanapi anampèni | ywa nganti dènatag mungsuh | wit katon tanpa rimaos ||rinaos.

7. Tajêm mangke cinatur | jarwanira tajêm jêjêg bakuh | solahbawa pratingkah myang ulat liring | tatag têtêg nora eguh | sajrone kasukan kono ||

8. Tumeja têgêsipun | padhang ganthêng ing jro (n)jaba têrus | lamun lagi kalah ywa katingal ngucir | tuwin singkêl ingkang kalbu | runtiking tyas kaparojol ||

--- 3 : 49 ---

9. Iku awon dinulu | warnanira mêsthi bêsêm bêsum | dene lamun mênang ywa nganti kaèksi | gambira girang gumuyu | gawe pangrasa kang awon ||

10. Gantya ingkang winuwus | pralambange Sastra-lima iku | ingkang dingindhingin. aksara O karêpnèki | muni Olah têgêsipun | sajroning kasukan katon ||

11. Apan wus tinartamtu | ing bêcike solah tingkahipun | obah-osik trapsilane badannèki | ywa ngandika katon tanpa tut |Lebih satu suku kata: ywa ngandika kang tan patut. gêdhene sinaru ing wong ||

12. I yèku karêpipun | muni Ilat têgêse kang catur | ing sajroning kasukan apan pinasthi | bawa pangucape turut | tan akarya rênguning wong ||

13. U yèku karêpipun | muni Ulat karêpe puniku | ing sajroning kasukan kawuryan wêning | dumilah pasêmonipun | ing netra mancur mancorong ||

14. A yèku karêpipun | muni Ati apan têgêsipun | ing sajroning kasukan iku pinasthi | budi (m)bêg raharjèng kalbu | sumingkir kang aran awon ||

15. E mangkya karêpipun | Èngêt-etung dene têgêsipun | jro kasukan èngêta sakalir kalir | kabèh kang winahya wau | sarta etung nora keron ||

16. Wasita sadayèku | kang wus kasêbut ing ngarêp wau | ing pambudi bisane kalakon kaki | guna satata satuhu | gambuh janjine kalakon ||

17. Karêpe iku kulup | ing sabisa-bisa kudu-kudu | kulinakna solahbawa kang prayogi | lamun wus kulina patuh | manawa wus bisa matoh ||

18. Mupangati satuhu | mring sarira sapiturutipun | yèn kacakup tandha tabiyat miwiti | kluhuran sakadaripun | wiwinih kawiyak kaot ||

19. Sanadyan têdhakipun | wiryèng praja lamun tan kadyèku | agung rakêt pakarti dur dhusthêngdhusthèng. budi | yêkti nut tabiyatipun | wong kompra bajingan kopyok ||

--- 3 : 50 ---

20. Upama ron kêtrilung | nora jênak nèng sasananipun | dilalahe kudu rontog aparithil | singsal saking kawiryan nung | ngalarah saênggon-ênggon ||

21. Tan tuwuh wijilipun | ing utama rêmbêsing kang madu | yèn tan ngene bêcik aja anglakoni | kasukan sukaning kalbu | tuwas cinirènan awon ||

22. Titi têtêsing tutur | dyan winulang lakuning kang kêrtu | wusing bangkit pra hartawan Ngatasangin | angarsakkên raganingsun | (ng)ganêpi kasukan kêrtos ||

23. Padha sih trêsna tuhu | ana ingkang kabrojol calathu | tamtu dudu sabarangan wong puniki | katara ing tindak tanduk | trah daniswara karaton ||

24. Piwulang saya lulut | palaling Hyang bangêt (ng)gonku (ng)gilut | wong saprau kabèh padha ngaji-aji | wusananing ingsun sinung | èngêt dening Sang Hyang Manon ||

25. Anèng Cirêbon labuh | aku matur marang ing tuwanku | nyuwun kari ana ing Cirêbon nagri | nangkoda tan walangkalbu | malah asung marang ingwang ||

26. Arta myang barang agung | rèhning ulun dagang nora maju | arta barang nora lawas banjur ênting | graitaning tyas tan lyan mung | mahas ngasêpi lunga (n)don ||

27. Cêkake nèng Kapurun | sinaruwe Kangjêng Sultan Agung | têkan mangke tulus sihirèng narpati | wong apatrap luwih atut | kanggo ing sak ênggon-ênggon ||

28. Iki wus lingsir dalu | ulun arsa cumawis malêbu | anak putu padha kariya basuki | kang liningan samya ngujung | Ajar Sutiksna wus miyos ||

29. Sigêg Sutiksna wiku | Mas Cêbolang alon wuwusipun | adhi Amat kula kalangkung kepenginkêpengin. | sowan maring ing KaparunKêpurun. | bêkti mring sang ajar kaot ||

30. Kakang kula tumuntur | inggih yayi kalangkung pakantuk | benjing enjing kewala pinikir malih | rehning sampun wanci dalu | lothung wawi sami aso ||

--- 3 : 51 ---

31. Mas Cêbolang puniku | acarita ing salaminipun | nèng Mataram dadya ojating pawèstri | sudagar pan bakul-bakul | randha wulanjar ngaroyok ||

32. Tanapi prawan sêpuh | kurang thithik karya bubrahipun | wong jêjodhon kawit ala ingkang elik | nèng pondhok salong dha matur | dhuh anggèr bandaraningong ||

33. Paran wasanèng dunung | yèn awèta anèng ing Matarum | rèhning mudha datan wurung korup maring | langên-langêning raras rum | samangke sangsaya (n)dados ||

34. Pra bakul ingkang munjung | bilih ngantos kalajêng saèstu | datan wande halating praja (n)dhatêngi | Mas Cêbolang duk angrungu | tyasira kadya rinontog ||

35. Kakang bênêr tuturmu | ora enak iki nèk kabanjur | insya Allah sesuk aku banjur pamit | sêngadi mung myang Kêpurun | sabanjure angêloyong ||

36. Wus matêng rêmbagipun | kunêng enjingira kang winuwus | Mas Cêbolang kalawan sakawan santri | Amat Têngara tan kantun | sama marêg ingkang êmbok ||

37. Pamit sêdayanipun | dènnya ayun marang ing Kêpurun | nyai randha Amat jumurung ing kapti | aja lawas-lawas kulup | besuk apa (ng)gonmu bodhol ||

38. Pun kakang rêmbagipun | benjing enjing inggih wanci bangun | karuhane thole (ng)goningsun mrantèni | sarapan kalawan sangu | rèhning mlaku rada adoh ||

39. Wanci ngajêngkên Subuh | pajar gidib samêkta sadarum | wusing nadhah manjing Subuh gya ngabêkti | bakdaning sêmbahyang Subuh | nulya sami mangkat alon ||

40. Ing marga tan minuwuswinuwus. | sampun lêpas wau lampahipun | wanci corah sukuning ardi Mêrapi | prapta asramèng Kêpurun | tandya (n)duduk marang dhepok ||

--- 3 : 52 ---

187. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Ascaryambêg Mas Cêbolang duk andulu | ing dhepoke sang maharsi | kamantyan langêning punthuk | sampat kawuryan sarwa sri | wimbuh wingite katongton ||

2. Taru-taru ngrêmbaka ijo ngrêmbuyung | maratah wohe andadi | puyuh-dênta mubêng kêmput | panjang mèh kalantrah siti | sinêling lan jambe rambon ||

3. Mayang mudhar ganda ngambar mamrik arum | candhi gupita rinakit | kinubêng sêkaran kêmput | argulo mawarni-warnaimawarni-warni. | sêkar mêkar pating prêlok ||

4. Sêlaning kang candhi gupita binatur | balumbang toyanya wêning | rimirim ganggêng pinatut | ingingonan tambra abrit | mawèh sêngsêming kang anon ||

5. Saking dhepok udyana sêkar sumawur | sampêt sawarnining sari | kanan dhepok têgal talun | pagagane anèng kering | mangku pêkên apan ayom ||

6. Lèpèn wêning saking puncaking kang gunung | anjog wingking sinung têlih | pinarênca parannipun | têpung ngubêngi capuri | nahan Ki Ajar kacriyos ||

7. Amarentah marang endhang sontrangipun | kinèn sadhiya sasaji | sunggatanira kang ayun | pinarak marang ing wukir | Cêbolang Ki Amat katon ||

8. Kyai Ajar mapag nèng jawining pintu | jaya-jaya asasanti | kerit pinarak ing salu | sinambrama têmbung manis | dhuh babo atmajaningong ||

9. Sakabèhe padha rahayu ing laku | bêgja kêmayangan yêkti | samêndhang nora ngrêmpêlu | lamun sira wong asigit | sotah marang dhepokingong ||

10. Sêpi samun tan ana lalangênipun | tangèh nêmu sukèng ngati | mung cuwa lapa pinangguh | lèn janma kaburu asih | katrêsnan trus lair batos ||

11. Kang mangkono yêkti nora klêbu catur | sêpên marang suprih

--- 3 : 53 ---

mamrih | malulu sarjuning kalbu | nora ana kêdhah-kêdhih | kang sinung ling matur alon ||

12. Mundhi saking pangèstunipun pukulun | wit pangkat praptaning wukir | sadaya samya rahayu | saglugut tan walangati | têrus anrus ing wiraos ||

13. Kyai Ajar sukèng tyas amanthuk-manthuk | bangêt panrimaku kaki | tujune ulun wus mantuk | basane kapasangyogi | ana wisma olèh dhayoh ||

14. Sapa kuwe lah ladèkna sunggatamu | endhang sontrang angladèni | sabobote rara gunung | têka parigêl tarampil | maksih kênya ayu anom ||

15. Wus warata wedang kaleyang kêmadhuh | gula arèn bêrsih kuning | pala kasampar gumantung | pala kapêndhêm mêpêki | Ki Ajar wacana alon ||

16. Wis mung iki mangunahe kaki gunung | wawi anak dirahabi | sadaya (n)dhêku wus nginum | èh rara larihna aglis | apa saanane kono ||

17. Sadaya kang linarihkên nora wangsul | katarik rêsêping ngati | nanging sêmu rada rikuh | Ki Ajar mèsêm ningali | wasana lingira alon ||

18. Wêktu iki saanane bocah jalu | padha mulasara têgil | adhêdhangir amêmatun | siji thil tan ana panti | amung kari bocah wadon ||

19. Anom-anom tur isih parawan kêncur | anake umbul pratinggi | kang padha pracayèng kalbu | tinitipkên marang mami | kinèn samya ngalap kawroh ||

20. Pratikêle têmbe yèn winêngku kakung | rèh ulun nora sasiwi | panganggêpku kadi sunu | (ng)goningsun yoga pribadi | sagaduke (ng)gayuh kawroh ||

21. Bokmanawa padha nitèni puniku | lalajonelalakone. ingkang uwis | têkane winêngku kakung | kabarêng lan wêktunèki | têntrêm lastari jêjodhon ||

--- 3 : 54 ---

22. Para rara kang ngladèni wus amundur | Ki Ajar ngandika malih | dak-kandhani sira kulup | nalika nom-noman mami | sadurunge dadi botoh ||

23. Bangêt (ng)gonku (m)balunthah talèdhèk thuyul | anjajah nir nampik milih | lawas-lawas têka atul | bisa anitèn-nitèni | wantu wataking wong wadon ||

24. Lan nitèni kaananing raganingsun | tumrape marang pawèstri | suka rêna cuwa (n)jêlu | kang dadya darunanèki | basa wus kacandhak botoh ||

25. Lir sumêbrung karasikaning pulang hyun | sinambadan ing Hyang Widdhi | minangka ukumanipun | purusa dhaup lan ati | ayêm jatmika tumamboh ||

26. Lawas-lawas saya kabutuh ing sêpuh | wuwuh mahas ing ngasêpi | ora ta kadi Sinuhun | Sèh Maolana Mahribi | kagungan-dalêm kinêthok ||

27. Mas Cêbolang kirig-kirig lan umatur | rèhning ulun lan pun adhi | têmbe ing saèstunipun | bilih pinarêng ing Widdhi | tinartamtu ajêjodhon ||

28. Nanging tansah ing panggagas mangu-mangu | karana durungirèki | wasita upaminipun | papan pandhêdhêran wiji | saèstunya milih kang loh ||

29. Nuwun wangsul titikan pamilihipun | candrane kanang pawèstri | kang awon miwah kang luhung | solah tanaga myang warni | atanapi ing pasêmon ||

30. Kyai Ajar mèsêm angandika arum | lamun sira arsa milih | marang wanudya kang luhung | pantês kanggo dadi rabi | nyèplêsana ing suraos ||

31. TètêmbunganTêtêmbungan. bobot bèbèt bibit iku | mangkene dunungirèki | basa bobot karêpipun | miliha wadon kang asli | dene titikane kang wong ||

32. Saka turun sarasilah ramanipun | wanudya kang yun sira-mbil | ana pitung warna kulup | salah siji kang mancêri | Lonthang saline kang pupoh ||

--- 3 : 55 ---

188. Lonthang

1. Ingkang dhingin darah bangsaning ngawirya | ing têgêse trahe para luhur Jawa | ingkang misih kadrajatamkadrajatan. uripira ||

2. Kang kapindho darahe agama mulya | têgêsira têrahe para ngulama | ingkang alim ahli kitab trusing rahsa ||

3. Kaping têlu darahe wong maratapa | ing têgêse trahing para pandhita |Kurang satu suku kata: iku têgêse trahing para pandhita. ingkang ulah pupujabrata lêksana ||

4. Ping pat darah sujana ing têgêsira | trah linangkung ulah pangawikan budya | kalantipan lan marang kawicaksanan ||

5. Kaping lima yèku darahing ngaguna | ing têgêse pintêr samubarang karya | ingkang ulah kalimpatan kabangkitan ||

6. Kaping nênêm darahe para prawira | têgêsira trahing prajurit kang ulah | kapintêran kasub ing sudiranira ||

7. Kaping sapta darahing janma supatya | têgês ingkang trahing para tani ingkang | wêkêl mênêp sarta tyase tuhu sêtya ||

8. Kapindhone têmbung bèbèt kang winarna | yèku tumrap marang bapakne wanita | amiliya darahe jalma supudya ||

9. Têgêsira bangsa ingkang sugih arta | myang barana mintir dana jalma papa | sarta ingkang isih kèh kabêgjanira ||

10. Katêlune têmbung bibit kang winahya | karêpira tumrap marang ing wanita | kang sayogya dumadya jatukrama ||

11. Amiliya ingkang bêcik warnanira | sarta ingkang akèh kapintêranira | candra-warna pasêmone kang wanita ||

12. Kang wus ingsun titèni kala samana | wus dak coba akèh kang kapara nyata | cacahira elingku salikur warna ||

13. Ingkang dhingin awarni bongoh puniku | prabaning kang angga pupuk asêmbada | kang amêngku pangrasa lêga lêgawa ||

14. Pawèstri kang mangkono suwarnanira | kang wis klakyan waskitha bisa ambuka | (n)don tuju langêning kang Asmaragama ||

15. Pindho sengoh yèku prabane wadana | ingkang pupuk ingkang amêngku pangrasa | sêdhêp èstu suka kang sami uninga ||

--- 3 : 56 ---

16. Pawèstri kang mangkana suwarnanira | ingkang uwis kalakon bisa ambuka | panggêndamming Asmaratantra rannira ||

17. Katri plongèh sêmu ngêndonkên gujêngnya | iku ingkang sasêmuning wadananya | tuwin liringing netya kêkalihira ||

18. Kang mêngkono prabane ambêg susêtya | myang lêgawa tanduk ngrêsêpakên nala | aprasaja ing sasolah-bawanira ||

19. Iya iku adate kang wus kalakyan | ananing kang kasêbut bisa anggêndam | kang katanduk sênênning pramana nyata ||

20. Kaping pate (n)dêmênakake rannira | êndêmmipun angenakakên sarira | iku manggon pasêmoning kang wadana ||

21. Ing liringe netya myang kêdaling sabda | ingkang amêngkoni parabaning nala | sênêng tuwin kaparêng kapadhan-karsa ||

22. Kang amêdhar tanduk sêpi piyangkuhnya | myang rumakêt adate bisa ambuka | panggêndamme kang aran Asmaranala ||

23. Lima sumèh yèku pasêmoning surya | kaprabawan ambêg sarèh kang wus klakyan | bisa (m)buka panggêndamming Asmaranada ||Lebih satu suku kata: bisa buka panggêndam Asmaranada.

24. Kanêm manis yèku sênênning guwaya | myang kocap kang paningal mawèh wigêna | kang mangkono prabawa wingiting pramana ||Lebih satu suku kata: kang mangkono prabawa wingiting prana.

25. Iya iku kang wus kalakon samana | wong amanis adate bisa ambuka | panggêndamme kang aran Asmaratura ||

26. Kaping sapta mrakati kang winursita | iya iku panduking tingal kalawan | kêdaling kang wicara marêkkên nala ||

27. Kang mêngkoni praba wingiting pramana | iya iku adate bisa ambuka | panggêndamme ingkang Asmaraturida ||

28. Kaping wolu jatmika iku ta ingkang | amêngkoni ênêng-ênênging kang cipta | ingkang (m)buka sosoroting kang pramana ||

29. Iya iku kaananing kang ingaran | bisa (m)babarake prabaning kang prabawa |Lebih satu suku kata: bisa mbabarke prabaning kang prabawa. mangkya ingkang kaping sanga kang ginita ||

30. Ran susila iku kêdaling ilatnya | myang panduking mripat polah

--- 3 : 57 ---

solahbawa | mangku budi têmên narima lêgawa ||

31. Kang mungkulkên panduk êmpaning pangira | bênêr ingkang panuju têpèng sujana | lan anggêndam graitaning kang nugraha ||

32. Ambêbuka wênganing kang mangsakala | ina ta suhartining kang tatakrama | iku uwus ginêng langêning pramana ||

33. Kasadasa kèwês tarampil wicara | ulat tandang atajêm ing liringira | amamalat sêngsême wawan-wicara ||

34. Kasawêlas luwês yèku kang wacana | cucut lêmês sapari-polahing angga | kang mêngkoni prabaning kanang pramana ||

35. Kalihwêlas gandês wijiling wicara | myang solahing raga kang mamalat driya | padha uga mêngku prabaning pramana ||

36. Triwlas dhèmês yèku ayêm pandukira | kêdaling kang wicara lungguh trapsila | padha uga mêngku prabaning pramana ||

37. Patbêlase sèdhêt iku dêdêgan kang | sêdhêng gêdhe cilike lan dhuwurira | sasolahe parigêl datan kuciwa ||

38. Kalimalas bentrok ingkang winursita | dêdêgan gêng inggil ingkang isi samya | têgêsira sarwa sêmbada warata ||

39. Kanêmbêlas kang aran lêncir winarna | yèku jalma dêdêgan dhuwur rêspatya | sarwa isi gilig pasanging sarira ||

40. Kapitulas kang aran wire jinarwa | yèku ingkang sarira alit sêmbada | sarwa singsêt datan ana kang cineda ||

41. Kawolulas kang aran gêndruk punika | badan agêng sêmbada kêndho sêmunya | nanging isi warata bêntên sadaya ||

42. Kasangalas sarêntêg yèku dêdêgnya | kurang dhuwur katimbang lan agêngira | sarwa isi gêmuh ingkang payudara ||

43. Karongpuluh kang aran lênjang winarna | yèku badan sêmu cilik nanging dawa | kawimbuhan nora ayu sasolahnya ||

44. Kasalikur aran rangku pungkasannya | iku dêdêg gêdhe dhuwuring kang kurang | sêmu ngropèk (n)Dhandhang-gula ||Kurang empat suku kata: semu ngropèk kawimbuhan Dhandhanggula.

--- 3 : 58 ---

189. Dhandhanggula

1. Mas Cêbolang awacana ririh | adhi Amat dhawuhe sang tapa | prayogi dènèstokake | Ki Amat lon sumambung | inggih kakang langkung utami | mugi kalajêngêna | matur sang awiku | kula mirêngakên kewala |Lebih satu suku kata: kula mirêngkên kewala. awit saking botên darbe pacul kudhi | basane ya walaka ||

2. Kang sinung ling mèsêm matur malih | kadiparan ing darunanira | mawi nitik wong tuwane | tumrap ing jodho wau | muhung dhatêng badan pribadi | Ki Ajar angandika | karêpe puniku | miliya darah winahya | yèn manungsa ingkang winahyu sayêkti | saka rahayuning tyas ||

3. Satuhune (ng)gonningsun cariwis | mung minangka cêr-ancêr kewala | dene ingkang sajatine | salaki-rabi mau | mèh satêmah nora praduli | matitisakên candra | mangkene liripun | kayata manising ulat | ayu endah dhèmês luwês mêrakati | prigêl solah tênaga ||

4. Tarlèn kanggo sarana malatsih | thukuling kasênêngan pra priya | mula ana pralambange | bêbakuning adhaup | dudu bandha myang dudu warni | mung ati paitannya | basa jodho muhung | sênêng parênging wardaya | condhong runtut sakarone nunggal budi | têmah samya rumêntah ||

5. Wêlas-asih katrêsnane manjing | sanepane pangrêngkuhing bapa | mring anak kang dadya tyase | de êmpan papanipun | surasane ingkang kadyèki | kayata jalma priya | dahat akayungyun | mring dyah dêdêg dhuwur kêra | yèn lumampah mayug-mayug nyumêlangi | parandene jroning tyas ||

6. Tan kapanduk gêla cuwa gêthing | têka banjur wêlase rumêntah | ana dyah sirung ulate | (n)jênggurêng ambêsêngut | sarwa kasar wicaranèki | priya kang sênêng datan | kapanduk ing mutung | elik kapok kawus merang | patrap ingkang mangkono malah mimbuhi | sênêng suka sih trêsna ||

7. Babasane mungguh wong asêngit | nora kurang ing pamadanira | êmpan papane mangkene | ana dyah anom ayu | gandês luwês manis mrakati | kang mangkono nir dadya | rênaning [rêna...]

--- 3 : 59 ---

[...ning] kang kalbu | malah amimbuhi ewa | têrkadhangan gêthing gêlane kapati | mangkono papadhanya ||

8. Dadi têtêp wong salaki-rabi | gumantung nèng sênênging wardaya | candraning warna parlune | pèngêt mring mudha punggung | supayane angati-ati | pamilihe maring dyah | lamun bisa antuk | èstri kang kalêbu candra | amimbuhi marang sênênging prajèki | sênêng têntrêm raharja ||

9. Mangka olèh jodho tan prayogi | wanda têrus kalakuwanira | bakal narik sangsarane | mula sadurungipun | dadi jodho kudu patitis | kalamun wus rumêntah | sih katrêsnanipun | pambirate nora gampang | ing satêmah ambêk sura nêmpuh wani | marang ing kasangsaran ||

10. Ngupayaa èstri kang (n)darbèni | ambêg têpa ing rahsa kalawan | dana ing têpa katrine | kang têmên tobatipun | lila marang kang aran bêcik | pawèstri kang mangkana | adat watakipun | kajèn sarta kinurmatan | mring kakunge nyirnakkên angkarèng laki | sih trêsnane rumêntah ||

11. Têpa ing rasa karêpirèki | lumuh rikuh ing liyan suminggah | yèn nir têpa ing rasane | sring nganakake iku | irèn mèrèn dumadi drêngki | dana têpa karêpnya | bisa-a suminggun | panyaru panyikuning lyan | yèn tan darbe dana ing têpa pan asring | dahwèn srèi watêknya ||

12. Têmên tobatipun lila yêkti | ing karêpe tobating nang soka | kang têmên lawan lilane | ana maning linuru | pawèstri kang têmên (n)darbèni | watêk ran sama beda | dana dhêndha iku | lawan kang bisa uninga | ing babasan guna busana lan malih | baksana myang sasana ||

13. Pambêkaning pangrêngkuh yèn olih | kang sawanda saekapraya lan | sajiwa dene wêrdine | têmbung sama puniku | apan padha karêpirèki | andarbènana watak | sih sakèh tumawuhtumuwuh. | beda pilah karêpira | (n)darbènana watêk kulina lan bangkit | anênimbang widagda ||

14. Dana kang (ng)gêganjar karêpnèki | (n)darbènana watêk sukarêna | asung sênêng mring samane | dhêndha têgêse kukum | de

--- 3 : 60 ---

karêpe ingkang (n)darbèni | watêk putus lan tatas | ing pamiyakipun | nalar ala lan sayogya | (ng)gonne ngêmpan mapanakên tan nalisir | cèplês tan ana cacat ||

15. Guna iku kapintêran wasis | bisa wêruh lan mangêrti marang | wawênang kawajibane | sakèh pakaryanipun | ingkang tumrap marang pawèstri | busana têgêsira | panganggo satuhu | karêpe bisa uninga | lan angêtrapake rajadarbèknèki | ingkang pancèn kasandhang ||

16. De baksana pangan têgêsnèki | pikajênge kang bisa uninga | kalawan anandukake | ubêt kayaning kakung | kang binukti ing sabên ari | sasana têgêsira | panggonan puniku | karêpe bisa uninga | amamantês mamangun amrih prayogi | sajroning wismanira ||

17. Asawanda têgêse sarupi | asawangan utawa sawarna | karêpe iku mangkene | sinêdyakna jro kalbu | badan kalih dadi sawiji | êmpan papanne ingkang | darbe ambêk ika | pngrêngkuhpangrêngkuh. lawan rumêksa | marang laki kadi rumêksanirèki | mring badane priyangga ||

18. De saekapraya têgêsnèki | budi sawiji pikajêngira | darbeya (m)bêg pangrêngkuhe | marang ing priyanipun | sinêdyakna anunggal kapti | asajiwa têgêsnya | sawiji nyawèku | karêpe èstri darbeya | ambêk sêtya pangrêngkuhing marang laki | lir nyawane priyangga ||

19. Wis kacakup iku bae kaki | pamilihe wanita kinarya | jodho salawas-lawase | Mas Cêbolang umatur | wus binabar ingkang prayogi | mangkya ta ingkang wênang | tinampik pakulun | pawèstri kadi punapa | èstunipun kawula dèrèng udani | mugi kawêdharêna ||

20. Kyai Ajar angandika aris | titikan ciri sranduning badan | ingkang nandhakkên alane | mring kalakuanipun | yèn ngupaya parawan sukci | panitike manawa | cilik kang pambayun | tan ngadêg wus katon wudhar | lamun agêng wus gumandhul nora isi | ganthênge wonga-wonga ||

--- 3 : 61 ---

21. Katon kêndho gwaya sulak wilis | kawistara kurang sênênnira | ramping wus mêkar bokonge | tinampika puniku | krana ika§ Prayoginipun / ingkang /. mangkono kaki | titikan panêngêran | kênya ingkang uwus | anglakoni sinanggama | maring kakung yêkti dudu prawan sunthi | sarine uwus wigar ||

22. Lawan manèh lamun ana èstri | ababira (ng)ganda nora eca | abangêr wimbuh aruse | alatêng bacin sêmu | kawoworan (n)dulêg tur amis | lan manèh githokira | mambu wanginipun | sêkar kawoworan ganda | amis arus wêngur tangèh yèn kawilis | sakèh aruming ganda ||

23. Utawa yèn tlapakane tipis | mripat katon biru sèrètira | sulak biru thêthêlênge | puniku nora arus | ing wajibe kudu tinampik | adat kang wus kalakyan | kang mangkono mau | asring (n)darbèni simpênan | lara raga dene ta dumunungnèki | nèng wadining wanita ||

24. Lan maninge yèn ana pawèstri | swaranira brabah kadi priya | kang agor sêmu erakeerake. | wadon ingkang kadyèku | ing adate sok andarbèni | watêk panastèn ewan | mring samèng tumuwuh | datan saranta driyarda | daya-daya tan trima panduming laki | yèn bisa singkirana ||

25. Kabèh-kabèh gotèking wong ngardi | de watonne wirasat kacêtha | imam-supingi kaole | nèng kono babaripun | ingkang ala lawan kang bêcik | Kimas Cêbolang nêmbah | matur ing sang wiku | saupami wus kalakyan | dados jodho patrap pamêngkunirèki | wajib rumêksanira ||

26. Kyai Ajar awacana aris | kang rumuhun rumêksa maring dyah | kang durung (ng)garapsarine | aja nganti tinêmpuh | sinanggaman luwange nguni | asring dumadya kênya | lènjèh têmbenipun | tan bisa (n)darbèni wêka | dadi purus-senthe babasanirèki | sayogya sabarêna ||

27. Rumêksane marang ing pawèstri | kang wus tumrap ing sapalakrama | kudu jêmbar sabar sarèh | myang paramartanipun | haywa pêgat sira ngênggonni | têpa lawan prayitna | mangkene

--- 3 : 62 ---

liripun | sira aja nganti lena | wit watêke wanita puniku asring | kadunungan tyas cêkak ||

28. Calak-mamak cêkak ponang budi | jangkah cêndhak miwah kadunungan | kurang jêjêg piyandêle | lire ingkang puniku | ati kurang-antêpan asring | owah gingsire gampang | têrkadhang kalayu | marang priya liyanira | kang jalaran katarik kêpengin saking | sabab limang prakara ||

29. Wirya rahsa guna dana warni | de wijange wirya kaluhuran | karêpe wanita kuwe | sring melik marang kakung | kang ngungkuli bojonirèki | ing kaluhuranira | rahsa têgêsipun | iya rahsa pikajêngnya | wanitèku asring kadunungan kapti | sru kapengin kumêdah ||

30. Sinanggama priya sanèsnèki | ingkang sabab saking bosên kêmba | kurang marêm mring lakine | sardana têgêsipun | sugih arta rajabrana-di | karêpe kang wanita | yèku sring kapencut | mring arta rajabarana | awit saking kurang kasamêktanèki | labêt angkara-murka ||

31. Guna apan kapintêran nênggih | pikajênge wanita punika | sring melik priya liyane | ingkang asugih kawruh | myang undhagi pakaryan wasis | luwih ing priyanira | rupa têgêsipun | iya rupa karêpira | wanitèku sring kalayu mring wong sigit | kang ngluwihi priyanya ||

32. Kang sinung ling sami mangastuti | matur malih Kimase Cêbolang | aji Asmaragamane | punapi warninipun | sarta atrap panganggenèki | paran tumandukira | Ki Ajar lingnya rum | aji yèku karêpira | aji-aji pakurmatan rêrênggan ari |Lebih satu suku kata: aji-aji pakurmatan rênggan ari. dene basa asmara ||

33. Jarwanira sêngsêm jroning ati | sanggama salulut dene ingkang | binasakkên salulute | pupulêtan saèstu | ya momoran kalawan malih | kukumpulan wêrdinya | dadi karêpipun | kang aji Asmaragama | pupulêtan amoring jalu lan èstri | rêngganing kasêngsêman ||

34. Mas Cêbolang ngangsêg matur ririh | woring jalma priya lan wanudya | têka mawi rarênggane | paran ta patrapipun | Kyai

--- 3 : 63 ---

Ajar mèsêm nauri | sarèhning bab sahuwat | wadi basanipun | saru lamun kamêlokna | prayogane pratelan sajroning rêsmi | dhinapur pancakara ||

35. Lamun pastapurusanirèki | durung kiyat myang durung santosa | jwa kasêsa nandukake | ingkang mangkono mau | bokmanawa ambalenjani | dayane tan widada | têmah gêla tyasmu | têrkadhang amanggih ewa | lan wanita marga tan kapadhan kapti | tiwas wadi kabuka ||

36. Yèku kêna rubedaning rêsmi | ingaranan katitih asmara | wit durung abiprayane | kasêngka angsahipun | marma daya tan lana nuli | marlupa nir ing karkat | kacarita iku | awit rahsa tuwin jiwa | durung samya kawêngku dening kridhaning | ing Risang Hyang Pramana ||

37. Dupi myarsa sabdaning sang rêsi | anggalêgês ing tyas kajumbuhan | wus ngalami sadayane | kusute apulang hyun | Mas Cêbolang umatur aris | ulun matur pasaja | ing sayêktosipun | kêrêp kaprangkul mangkana | rèhning bodho dados botên anganglangi | ingkang dumadya sabab ||

38. Amung lajêng anyêl pêgêl sêdhih | kawimbuhan sangêt lingsêm merang | muring-muring wêkasane | rêngune tan dumunung | pramilane panyuwunmami | mugi kawêdharêna | inggih sababipun | têmbung katitih asmara | kadiparènkadiparan. Ki Ajar mèsêm lingnya ris | mangkene wijangira ||

39. Akalindhih utawa kaêndhih | wardinira kadhêsêk kasoran | kasêsêg kasêsêlane | lan katumpangan iku | dene têmbung asmara kaki | têgêse brai brata | myang kasêngsêm tuhu | dadi karêpe wicara | katumpangan myang kasoran sêngsêm yêkti | akanthi katêrangan ||

190. Kinanthi

1. Katitih asmara mau | sabab rubeda kang nglêndhih | mungguh kawujudaning kang | asring murungakên kapti | tumanduke kang asmara | limang golongan kèhnèki ||

--- 3 : 64 ---

2. Ing sagolongan dèn-etung | ana patang sabab nami | gunggunge rongpuluh sabab | kang sagolongan winarni | lamun lagi kapandukan | susah lara luwe arip ||

3. Rong golongan yèn kapanduk | êgêg ênêg gigu elik | tri golongan kapandukan | mutung kapok kawus isin | catur golongan winarna | manawa kapanduk dening ||

4. Jêlèh kêmba bosên manuh | limang golongan mungkasi | jangkêpe kang kalihdasa | lamun kapandukan dening | gêla ewa cuwa jinja | warastra dayanira nir ||

5. Gêr gumuyu sadayèku | lêrês timbalan sang yogi | mênggah sagêting sumimpang | ing rubeda kang kawijil | kadiparan sêtiyarnya | supados krodha lêstari ||

6. Ki Ajar mèsêm lingnya rum | lamun senapati miris | sêntorên udaka wimba | têgêse tinuruh dening | banyu adhêm ing padasan | mêksa mirut ing ngajurit ||

7. Yèn wus mangkono pinupus | tan kêna dèn-sêtiyari | sikil apus papadhanya | karêpe lêmês lir tali | dene yèn (ng)gonne ngucira | mligi mung jalaran saking ||

8. Rubeda rong puluh mau | sêtiyare angèl gampil | kudu amaluya kridha | maluya jarwa mêmulih | kridha têgêse panggagas | utawi jinarwan osik ||

9. De karêpe kudu-kudu | mumulih nguyaring§ Prayoginipun / buyaring /. ati | gêlênging pra samya rahsa | lamun katarima bangkit | golonging prasa lan rahsa | bisa umangsah lêstari ||

10. Pramilane aywa ngawur | pamilihe marang èstri | dingati-ati diawas | karana yèn bisa olih | wanodya prasaning rahsa | ingkang wus saekakapti ||

11. Tartamtu ngilangkên sagung | rubeda kang mawèh miris | gêndam langêning asmara | ing satêmah mahanani | pamoring lulut susila | awit binuka kang dadi ||

--- 3 : 65 ---

12. Langêning pramana mungkul | ingkang binasakkên kaki | pamoring lulut susila | woring jalu lan pawèstri | binuka tanpa rubeda | sênêng parêng kang pinanggih ||

13. Daya santosaning purus | iku pan katarik saking | obah solahing kang raga | katumusan srênging ati | dene sêrênging kang driya | krêkating jiwa mêngkoni ||

14. Krêkating jiwa puniku | daya pangrasa murbani | dayaning pangrasa apan | wisesaning rahsa yêkti | dene wisesaning rahsa | prabaning pramana jati ||

15. Lamun pinikir satuhu | wus tetela bab sarêsmi | nora kêna ginagampang | akèh rubedanirèki | ewadene ana uga | warna warnane kang jalmi ||

16. Kang nyêbal saking critèngsun | tanpa nganggo milih nampik | sumêngka tandhing dyah wrêdawrêdha. | tan kapanduk êngah wigih | lalawanan lan wanita | kang bangêt kaciwèngkuciwèng. warni ||

17. Têka boya-a kapanduk | rasa kêmba ewa gêli | myang lalawanan kalawan | dyah kang (ng)ganda lêngur lêdhis | uga nora kapandukan | ing rahsa gêgigu elik ||

18. Bisa daga(?) sakèhipun | rubedaning pulang rêsmi | kang mangkono samanira | jalma karêm nadhah guling | tangèh marêming kang driya | mung lobane dènubyungi ||

19. Sabarang karêman tamtu | wus têtela nora bêcik | ngugung sabyantuning daya | ngangsa-angsa ing sarêsmi | satêmah nandhang sangsara | ubêngan sajêge urip ||

20. Ulun banjurake tutur | tumanduke bab sarêsmi | ingkang nir sakèh sangsaya | lire wus mulur salêsih | adoh sakèhing rubeda | iya iku diaranni ||

21. Susila pamoring-lulut | (m)babar langên pramadani | uga dak dhapur carita | kadya(ng)ganing senapati | umangsah ing rananggana | arsa rumabasèng biting ||

22. Lamun pastapurusa wus | kiyêng kiyat nyantosani | kyèhning daya wus samêkta | tandya tindakna dènaglis | umangsah ing rananggana | yêkti nora nguciwani ||

--- 3 : 66 ---

23. Tumêmpuh campuhing pupuh | nanging dènprayitna kaki | ing tindak aywa sêmbrana | (ng)gonne nuju prasanèki | mring wanita mêngsahira | supadi lêganing ngati ||

24. Dipun waspada ing dunung | jroning sasti(?) kono mawi | mustikaning rahsa mulya | rinêksa pra jawata di | aran Sang Hyang Otapatra | Sang Hyang Gambira sisilih ||

25. Wuri purana dumunung | yèn tinêmpuh dening bindi | watak kêri prasanira | nuli babantune prapti | pipingitan ing jro baga | ingaran Hyang Asmara di ||

26. Apaparab Hyang Cakrèku | asarosa biyantoni | wimbuh kêri grimingira | narik daya ajunèki | mring Sang Hyang Purnama-sangka | iya Sang Kamajaya di ||

27. Pamèting rahsa mrih jumbuh | srana nganggowa sirèki | pratingkah ukêling pasta | kacarita solahnèki | duk murwani lumaksana | karya pupucuking jurit ||

28. Sakèhing daya biyantu | aywa sinêru rumiyin | ing tindak kêdah saranta | pangangkah amung mumurih | kêri prasaning wanita | kalamun wus sawatawis ||

29. Muyêk campuhing prang pupuh | nênggala tumêmpuhnèki | tinangkis ing bandabaya | saking rosaning panggitik | kuwating panangkisira | dahana mubal mawêrdi ||

30. Sumundhul ngakasa wimbuh | susumuke api-murni | kukus katut samirana | prapta tumanduk prasa di | kêkêrine mêngsahira | gumriming sangsaya (n)dadi ||

31. Gantya wau Sang Dyah Ayu | tan gumingsir anadhahi | mubal mêtuning dahana | sumrambah sariranèki | tan kuwawa nabênnana | gumriminge rasa kêri ||

32. Harda ngambra-ambra wimbuh | wantu watake pawèstri | yèn wus liwung krodanira | datan saranta ing budi | sigra amusthi sanjata | pusaka saking dewa di ||

33. Ganjaranira Hyang Guru | nèng jroning baga piningit | yèku kang hru barunastra | sumêmbur amijil warih | tirta lir yiyiting mina | kumêmbêng jro baganèki ||

--- 3 : 67 ---

34. Ngêlêm pasta purusèku | wau ta ingkang winarni | sira sang pastapurusa | kêlêm kinêlêm ing warih | tan mantra-mantra riringa | ing solah saya mawêrdi ||

35. Barunastra wis kinêbur | lir ombaking jalanidhi | ganggêng irim-irim ingkang | mungging têpining jaladri | karoban toya satêmah | ngêmpêl mirut nganan ngering ||

36. Nahan ramening kang pupuh | nulya na swara dumêling | lamat-lamat kapiyarsa | surasa sung wasita di | èh kulup sira sang pasta | poma dènprayitna kaki ||

37. Panarik sêndhaling limpung | maju myang mundurirèki | papanne lunyu sadaya | wus tan kêna dikawali | wit iluning barunastra | saya drês panyêmburnèki ||

38. Dene (ng)gonnira lumaku | yèn lena ina nêmahi | kaplèsèting angsahira | rêbah gadane kalindhih | katikêl dadya rubeda | rogabrata andhatêngi ||

39. Pilêg kadadeyanipun | benjing maning yèn ajurit | tumus mahanani roga | mring pasti§ Prayoginipun / pasta /. baga nulari | yèn iku tan sinucekna | sawuse ngadoni jurit ||

40. Mênèk pastapurusèku | kataman ing roga jawi | ubêngang ing arannira | èngêtana aywa nganti | sakarone mangunyuda | yèn malanira durung nir ||

41. Têmên tinumanna matuh | kaliye waluya jati | mangka ujaring saloka | yèn priya anandhang sakit | kaprênah jro pastanira | lamun arsa mangsah jurit ||

42. Yoga nguyuha rumubunrumuhun. | prêlu ngorotna sasakit | murih ywa nganti tumular | mring wanudya mungsuhnèki | lan kulup sira wêruha | adat wataking pawèstri ||

43. Yèn wis mijil yiyidipun | gumriminge saya (n)dadi | mêmpêng dêrêngirèng prasa | kawistara ing pangèksi | kiyat kiyêng sariranya | kêjêng kêjêr maratani ||

44. Sira adarbeya kayun | tutulung mêngsah kapilis | tumraping Asmaratantra | tan lyan wisaya linuwih | solahing pastapurusa |

--- 3 : 68 ---

sêngkakna pamukirèki ||

45. Pamukuling gada têmpuh | kang ajêg myang dèn-kêrêpi | kalawan dipun waspada | mawassa sasmita lungit | adat wantuning wanita | yèn wus liwung ing ngajurit ||

46. Lêlewane nulya thukul | pratingkah solahing dhiri | wit saking kurang prasaja | jatine karsanirèki | (m)biyantu solahing pasta | kinèn anujuwa maring ||

47. Dununging prasa sirèku | tinrajanga kang supadi | sinêndhol pucuking pasta | têka turutana aglis | sakarsanirèng wanudya | yèn pinarêng datan lami ||

48. Sang dyah mudhar prasanipun | pratandhane kang sayêkti | yèn wanita mudhar prasa | wataranira katawis | gara-gara jroning baga | nyêndhol pucuking pastèki ||

49. Laraping gupala wimbuh | kabukaning wiwara-di | jênêke Hyang Kamajaya | aliya tandha kang uwis | kang sayêkti kawistara | kawawas sranduning dhiri ||

50. Lir koncatan yitmanipun | nglumpruk marlupa ngalêntrih | kadi-kadi tan kuwawa | nyandhang nikmating rahsa di | sêsambate mêlasarsa | karya trênyuh tyas gung branti ||