Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

191. Asmaradana

1. Cuthêl ujare kang wangsit | yèn ta mungguh têtakêran | mawas wujuding warnane | panguja lêganing kênya | kaya wus kasêmbadan | pratandhane dene uwus | kapanduk badan marlupa ||

2. Ewamangkono sarèhning | manungsèku beda-beda | ana kang bangêt karsane | ana kang mung sawatara | dene mungguhing patrap | sajroning sanggama mau | priya kudu amawassa ||

3. Ulat liringe pawèstri | lan mawas badan priyawak | yèn wus kapandukan tyase | carêm marêm miwah lêga | duk èstri mudhar prasa | sinarêngan puniku |Kurang satu suku kata: sinarêngana puniku. jumbuhing wêdaling prasa ||

4. Kalamun tyasira maksih | kapanduking rasa cuwa | jalaran kurang lêgane | iku pamudharing prasa | ywa sarêng tinanggapna | ananging asring kalayu | kudu mudhar ingkang prasa ||

--- 3 : 69 ---

5. Dènsantosa ngati-ati | panahan-pamathêtira | de (ng)gonne kasusu rêke | wit kadêrêng wijilira | Risang Hyang Kamajaya | iku tinulaka gupuh | ing sarana japamantra ||

6. Panulak kudu ngênggonni | ana ing gajêging gêla | ywa di-nggo lêga driyane | prasane rahsa kang arsa | rosa mrih kawudhara | wujuding wisaya muhung | sang pastapurusanira ||

7. Têka ênêngna kariyin | dumunung ana ing (n)jaba | utawa ing sajêrone | wiwaraning dhatulaya | kang mangkono pratingkah | gumantung parênging kayun | ing sakaro-karonira ||

8. Rèhning sang wanita lagi | kalêson sayah ing ngaprang | kasêdyakna ing driyane | anjangkah tindak utama | tumulung marang mêngsah | amung usadaning rapuh | waluyaning kang sangsara ||

9. Dènnya kataman ing bindi | kudu tinuju ing prana | lêlantaran tumanduke | usada mau kalawan | anganggowa sarana | dhingin têmbung manis arum | miluta sih manuara ||

10. Lêlewa solahing dhiri | lan kêdhap liringing netya | myang biyantu ywa talangke | ing solah ukêling pasta | (ng)gugah kêrining pasta | kudu sarèh tindakipun | ora kêna daya-daya ||

11. Bokmanawa amarêngi | usada bisa tumama | tumanduk marang prasane | suka giranging wardaya | sumarambah sarira | têmah waluya satuhu | ngadêg manèh kasuranya ||

12. Lir sardula mangsa daging | kang priya tanggap prayitna | solah tan na prabedane | kudu anuju ing prasa | lir mau duk bubuka | kalawan èngêta kulup | wawadining kang wanita ||

13. Adarbe aji pêrmati | Sukmanyana namanira | têlênging baga dununge | yèku mau kang karasa | nyêndhol pucuking pasta | dènyarsa mungkasi pupuh | kono kêrêp dèn-gada-a ||

14. Adate datan alami | sardula nuli palastra | mêngkono ing sabanjure | nganti ping pirang rambahan | dene yèn wus karasa | marêm lêga ing tyasipun | yèn wanita mudhar prasa ||

15. Kudu tanggap ambarêngi | padha amêdhar ing prasa | iku ingkang binasakke | widagda anuju prasa | undhagi ing asmara |

--- 3 : 70 ---

dene suwe gêlisipun | wanci kala bratayuda ||

16. Iku tan kêna dinugi | gumantung badan priyawak | sênêng parêng ing driyane | yèn ta mungguh bêbakunya | kang prêlu jalma priya | patrap miwah solahipun | sanggama kudu santosa ||

17. Pamêkak wijilirèki | Sang Bathara Kamajaya | myang kudu widagda rêke | myang waskitha panujunya | prasane kang wanita | dene êmpan papannipun | dhingin tumraping sarira ||

18. Kudu nyarèhkên salir ning | lawan angadhêm-adhêma | angkara sêrênging tyase | pakolèhe nora dadya | kagèting pra jawata | wêkasan katarimèku | bisa kawawa amênggak ||

19. Kasêsane wijilnèki | Sang Bathara Kamajaya | têmah tutug sakarsane | kang kapindho kudu bisa | (ng)gêgasah anyênyongah | mring angkara srênging kayun | lawan grêgêting wanita ||

20. Pakolèhe kang pawèstri | wus kataman kang mangkono | harda sêrênge driya |Kurang satu suku kata: harda sêrênge driyane. tandya cumêpak dunungnya | kayanganing Hyang Kama | iya Hyang Asmara tamtu | cêpak pamudharing prasa ||

21. Pamarsudining sarêsmi | kang wus sun-gêlar sadaya | kanggo srana lantarane | dènnya yun angawruhana | mring asal wijinira | manungsa sajatinipun | kasbut têmbung paribasan ||

22. Sing sapa wonge tan uning | marang wiji asalira | sayêktine nora wêruh | mring jati paranning sêdya | kang têmbe wêkasannya | kacrita kurang satuhu | mring sampurnaning kamuksan ||

23. Pae kang wus ngudanèni | ing purwa madya wusana | ananing sarira kiye | wêkasan sirna tan gatra | uwas sumêlanging driya | têtêping jumênêngipun | manungsa jati sampurna ||

24. Mas Cêbolang matur aris | babo aywa katanggêlan | kaparênga mêdharake | asal wijining manungsa | dadosa lêlantaran | jati paranning sêdyèku | mring sampurnaning kamuksan ||

25. Ki Ajar ngadika aris | iku kaki nora kêna | isih gaib bêbasane | têgêse isih pingitan | èdi alus lan samar | angèl ewuh ingkang langkung | bêcik (m)banjurkên carita ||

--- 3 : 71 ---

26. Bab patrape andon-rêsmi | bisa (n)dadèkkên jalaran | mêtêng ngandhêg babasane | duk mau pulang asmara | kayadene pratingkah | kang wus suncritakkên ngayun | yèn pinarêng ing Pangeran ||

27. Kinon dadi lantaraning | anitahakên manungsa | kacrita mungguh ing raos | enak kapenake beda | kalawan sabênira | sasolah tingkahe lulut | amung mindêng rasa nikmat ||

28. (n)Dêdêl sêndhal myang saraping | pawèstri utawa priya | kalamun prasaning raos | rahsa sajati kawudhar | dening jiwa pramana | akawistara dumunung | nèng lêlêt pulêting sahwad ||

29. Nahan kono sapucuking | ing pastapurusanira | sayêkti mawa karaos | dhingin lir sinêndhol mina | yèku purayanira | dununging Kamajayèku | mijil minangka lalisah ||

30. Warnane kang rahsa putih | tan pantara pucakira | pastaprusa krasa manèh | kayadene ingamêdan | lambening keyong-gondhang | yèku wênganing kang pintu | kayangan Hyang Kamajaya ||

31. Pamudharing rahsa putih | sarta soking rahsa mêrta | asrêp kalangkung nikmate | ing adat sakaliyannya | sarêng sênggoring napas | duk mangkono angganda rum | lir sêkar mêlati kadya ||

32. Nêdhêng (m)babar sari amrik | arum-arume angambar | kabèh kang dak-wêdharake | manawèku gara-gara | pangaribawanira | turuning cahya dibyanung | lêlantaran saking priya ||

33. Dumrojog nulya tinampi | anèng guwa garbaning dyah | yèn jêntus mukaranahe | wanita banjur awawrat | tumêkèng sangang wulan | nir ing sambekalanipun | langkêp ambabar manungsa ||

34. Lan ana pralambang malih | yèn priya lawan wanita | ênggonne sarêsmi rêke | pamudharing risang prasa | dhaup asasarêngan | Sang Hyang Kamajaya kumpul | kaparêng dening Pangeran ||

35. Ayun anithahkênanitahkên. wiji | kumpuling Hyang Kamajaya | gumolong kandhêg dununge | nèng guwa garbanirèng dyah | binasakakên wawrat | sawulan tumêkanipun | nir nalisir sangang candra ||

--- 3 : 72 ---

192. Salisir

1. Kalamun lagi sacandra | (ng)gonne nora (ng)garap-toya | upamane iku dadya | Kusuma anjrah ngakasa ||

2. (n)Dungkap antuk kalih candra | dènnya nora (ng)garap-toya | diupamakake pindha | Brêmara ngajab gêgana ||

3. Lamun lagi tigang candra | lêstari tan (ng)garap-toya | iya iku upamanya | Lir isining wuluh wungwang ||

4. Lamun lagi patang candra | upamane apan kadya | Barama sakonang ika | angasatakên samodra ||

5. Lamun lagi limang candra | dènnya anggarbini ika | di upamakakên kadya | Tapaking kuntul ngalayang ||

6. Lamun lagi nênêm candra | dènnya anggarbini ika | ngibarat kadi Canthoka | kinêmulan êlèngira ||

7. Yèn pitung wulan tumêka | wolung sasi sangang candra | ngibaratake Kadya jalma | lumpuh ngidêri bawana ||

8. Wau ta Cêbolang nulya | matur sarwi ngaraspada | paran mulabukanira | bab jabangbayi punika ||

9. Wujut tuwin wawatêkan | myang dhawahing lalampahan | awarni kakalih apan | wujud jalu kalawan dyah ||

10. Klakuwan awon lan sae | sarta têmbe lampahane | dhawah bêgja sangsarane | manggih wirya myang asore ||

11. Ki Wasi alon lingira | kacrita yèn kono iya | winahyu ing tibanira | mula pangeranging basa ||

12. Luput pisan kêna pisan | dumununge iku ana | panjing suruping waskitha | jalma lumrah tan uninga ||

13. Karana isih ginaib | batal yèn kaucapêna | sadurunge kawistara | lair saking guwagarba ||

14. Awit kang mangkana iya | satuhu gêng-gênging dosa | wit wani-wani narbuka | (m)dhingini(n)dhingini. karsaning Sukma ||

15. Kacrita tumandukira | babasan aliru lambang | utawa wolak-walikan | mangkene ingkang pratelan ||

--- 3 : 73 ---

16. Jroning ayun pulang-raras | priya kalawan wanudya | yèn priya kang darbe karsa | bangêt harda mring wanudya ||

17. Sasuwene (n)don asmara | adrêng sêrênging kang karsa | layap liyêp luyutira | nganti praptèng ciptamaya ||

18. Sabanjure mudhar prasa | kapanujon pinarêngan | wahyaning kang mangsakala | karsaning Hyang Maha Mulya ||

19. Nitahkên wiji manungsa | rèhning harda karsèng priya | dadi pakolèhe padha | kalawan cipta wanodya ||

20. Kira-kira bokmanawa | kadadeyaning kang jalma | laire ing têmbe iya | dumadya jalma wanita ||

21. Dene kosokbalinira | yèn dyah ingkang darbe karsa | harda adrêng marang priya | kridha lir kasêbut ngarsa ||

22. Kira-kira bokmanawa | kadadeyaning kang jalma | laire ing têmbe iya | anumusi dadi priya ||

23. Mangka kapanujon ana | priya lan dyah darbe karsa | sakarone padha harda | kridha laksana widada ||

24. Kira-kira bokmanawa | kadadeyane kang jalma | laire ing têmbenira | dhampit jalu lan wanita ||

25. Ana manèh saupama | sujalma priya kang mangka | ing sadurung-durungira | bangêt kayungyun bisa-a ||

26. Pinaringan adarbeya | atmaja mijil wanodya | panutanira ing nala | tumêka ing ciptamaya ||

27. Banjur amulang-asmara§ Prayoginipun / apulang-asmara /. | ulah kridhaning laksana | nunggal ing ngarêp sadaya | yèku ingkang binasakna ||

28. Dholog katlusuban jatya | lirirra ingkang mangkana | cipta kasêlan ing cipta | kira-kira bokmanawa ||

29. Kadadeyaning babayi | laire têmbe mêtoni | wujud kêmbar loro iji | tur iku padha pawèstri ||

30. Dene kosokbalinira | yèn wanudya ingkang mangka | sadurung-durunge harda | kayungyun atmaja priya ||

--- 3 : 74 ---

31. Sarta banjur darbe karsa | adrêng mring priya asmara | saolah kridha lêksana | nunggil lir kasêbut ngarsa ||

32. Kira-kira bokmanawa | kadadeyaning susuta | têmbe lair wujudira | kêmbar loro padha priya ||

33. De alus hardaning karsa | tumêka ing ciptamaya | kaya kang kasêbut ngarsa | nora muhung wahananya ||

34. Dadi jalu lan wanita | duk lagi andon-asmara | kridha myang cipta punapa | kang mangkana cinarita ||

35. Bakal mahanani iya | mring wêwatêkaning suta | pramila para sujana | para bèrbudi sarjana ||

36. Ingkang wus padha waskitha | ing kridha tuwin pangripta | banjur kanggo têngêr nama | marang ing atmajanira ||

37. Bab iku ta kawruhana | wiji wus momor cangkoknya | mula jalu lan wanita | lah êndi ingkang santosa ||

38. Padha adarbe kawasa | saksi kang kanggo pratandha | bêbasane ila-ila | ujare sujalma kuna ||

39. Nadyan priya lan wanodya | yèn nuwuhakên atmaja | isih anèng guwagarba | mangka salah sijinira ||

40. Sêngit niaya sawiyah | maring samining tumitah | asring mahanani bocah | dadi ceda kurang lumrah ||

41. Mula têka jaman mangkya | katêlah isih anganggya | têmbung pèngêt yèn kataman | ewa sêngit nganiaya ||

42. Nyêbut jabangbayi ika | supayane aywa ngantya | têmbe lair namdhang ceda | lêstari Mijil prayoga ||

193. Mijil

1. Mas Cêbolang matur mangênjali | asmaraning wadon | yèn panuju sinanggama rêke | ingkang pundi prayoganirèki | tingkahing karêsmin | nyuwun wêdharipun ||

2. Kyai Ajar angandika aris | yèn nitik lalakon | jalma priya akèh rubedane | sabênêre kalamun pawèstri | lagi sinarêsmi | amung kudu manut ||

--- 3 : 75 ---

3. Mring ombaking priya mituruti | ananging wong wadon | akèh ingkang nguciwani lire | lingsêm nir pakolèh kanggo wadi | mênèk dènarani | èstri lènjèh kakung ||

4. Kèh-kèhing dyah kadhang andarbèni | reka gila wangkot | sabên arsa rinurah kuthane | rewa-rewa tan arsa nglanggati | kêlakone nganti | pinaripêksèku ||

5. Mungguh gêlar kang mangkana kaki | karêpe supados | ywa kinira pawèstri wus lènjèh | lan kinira èstri karêm rêsmi | satêmah dumadi | kasêrêng ing kakung ||

6. Iya iku aran kapanduk ing | rubeda sayêktos | wêkasane asmara campuhe | nora bisa widada sakapti | lawan ana malih | gêlare dyah iku ||

7. Yèn pinuju sinanggamèng laki | abipraja gupoh | ing sasolah obahing ragane | andadèkkên gancanging pakarti | aju undurnèki | pastapurusèku ||

8. Kang mangkana supaya mimbuhi | sakecaning raos | akataman sruning panggosoke | muwuhakên panasing hawèki | pan rubeda ugi | glis pamudharipun ||

9. Êmpan papan lan maningirèki | babakuning wadon | kudu awaskitha pamawase | nuju tanggap mring karsaning laki | solahbawa pasthi | nut pangrèhing kakung ||

10. Dene ingkang dadya saranèki | kang dhingin rumojong | buka marang sêrêng angkarane | karsa dhadhag kasêngsêma rêsmi | patrap kang kadyèki | ing pakolèhipun ||

11. yêkti bakal amimbuhi maring | kiyating kang badhong | nora mêmbat katiban gadane | kang kapindho niyatna amardi | kêncêngna dayaki | kukuwatanipun ||

12. Baga miwah sasaminirèki | ing pratingkah kados | amamathêt mêtuning uyuhe | kang mangkana pakolèhirèki | ngrapêtkên pintuning | pasti baganipun ||

13. Mêlar-mingkus daya wiwaraning | baga kang wus (m)bathok | cukup muhung lawan biyantone | ing papathêt culling napasnèki | angsal ing prang tandhing | kudu nganggo lagu ||

--- 3 : 76 ---

14. Gêlar aran Mangkaradibya di | mungsuhira wadon | kapapanna mangiwa iringe | risang krodha anumpangêna ing | pupu mêngsahnèki | kaprênahna lambung ||

15. Risang krodha kang têngên dènmathis | pakolèh sayêktos | tahan lawan kwasa sarosane | tambah nyakêtakên dènirèki | kumudasmara di | kacondhongan lulut ||

16. Ing wasana mungguhing sarêsmi | nadyan mung sakloron | tur dumunung parimpên ênggone | tan kawruhan ing jalma sawiji | pêpanthênging ati | ywa nganti kalimput ||

17. Mring surasa lan dunungirèki | têmbung tri pinathok | nistha madya lawan utamane | lire nistha iku tan prayogi | madya têgêsnèki | sêdhêngan puniku ||

18. De utama têgêse prayogi | karêpe suraos | kang mangkono salahsolah. pratingkahe | ing sajroning lagya andon-rêsmi | kudu anyingkiri | tanduk kang tan patut ||

19. Madya utama ingkang prayogi | wijanging wiraos | aran nistha niru pratingkahe | satokewan dènnira sarêsmi | yêkti nora apik | lamun dadi sunu ||

20. Asarêsmi mituruta kadi | wasita kinaot | nayakèngrat marang ing mantune | kyating jagad Sayidina Ngali | wênang mokalnèki | kabèh wus kasêbut ||

21. Kaya-kaya uwis anyukupi | ing pituturingong | wit pamilih nganti tumêkane | têmpuhing prang dadining babayi | nanging iku mligi | kawruhe wong gunung ||

22. Kang sinung ling samya mangênjali | aturira alon | wêtyaning ling inggih saèstune | sru kapundhi tumanêm ing ati | pêpèngêt kaèsthi | dinohna kalimput ||

23. Ing sasagêd badhe nglêksanani | supados dumados | awidada kangge salamine | ajêjodhon donya praptèng akir | Ki Ajar nganthuki | bangêt suka sukur ||

24. Kulup Amat mêngko tabuh katri | lah muliha gupoh | karsadalêm (n)jêng sultan wiyose | sêsuksesuk. esuk nuju ri Rêspati | sira sinung linggih | dadya katibkêtib. sêpuh ||

--- 3 : 77 ---

25. Nora luwih pujastutimami | lêstari kalakon | tinêbihna ing sambikalane§ Prayoginipun / sambekalane /. | mung kakangmu lan sakawan santri | dimèn padha kari | aywa mèlu mantuk ||

26. Wus kacêtha papasthèn pinasthi | dalajading kang wong | sira iku kulinèng prajane | kakangira kulina ing wukir | mahas ing asêpi | praptèng maotipun ||

27. Rèh wus wanci angasowa sami | Kyai Amat gupoh | ngaraspada angraup sukune | saha matur timbalan sang yogi | kalangkung kapundhi | pangèstu pukulun ||

28. Mas Cêbolang lan sarowangnèki | sapraptaning pondhok | Kyai Amad ngrungkêbi padane | mring Kimase Cêbolang sarya ngling | adhuh kadangmami | woding manahulun ||

29. Boya sagêd pisah ingkang rayi | saparan rumojong | botên bingah antuk nugrahane | sinêngkakkên drajat dadya kêtib | wus sinêdyèng ati | bêgja lara lampus ||

30. Aywa bêndhèng kakang lawan mami | tulusa karongron | Mas Cêbolang sêrêt wangsulane | adhuh yayi (ng)gih samantên ugi | rasaning tyasmami | langkung awratipun ||

31. Yèn pisaha kalawan pun adhi | tuwin lan pun êmbok | asru trêsna lir yogane dhewe | nanging paran dènnira sumingkir | ing kodrating Widdhi | citrèng lokilmakpul ||

32. botên langkung samya (n)dum basuki | bêkti katur simbok | têmbe bilih wus pinarêngake | dening Widdhi ulun tamtu tuwi | dhatêng ing Mantawis | sipêng kalih tèngsu ||

33. Kyai Amat lêjar sawatawis | dupi wanci bodhol | Mas Cêbolang lan catur santrine | samya ngatêr ing ngare wus prapti | sasalaman sami | myang andum rahayu ||

34. Kang lumaris mangu nolih-nolih | luhira drês miyos | tan cinatur nèng marga lampahe | praptèng wisma renanira nyai | mapag anèng kori | atatanya arum ||

--- 3 : 78 ---

35. Lah ta êndi kakangira kaki | têka nora katon | Kyai Amat pêgat-pêgat linge | amiwiti tumêkèng mungkasi | nyi randha duk myarsi | (m)barêbêl mêtu luh ||

36. Wus pinupus pamêpêsing galih | panglipuring lamong | tan pantara dangu ing praptane | utusaning parentah surambi | dhawuh animbali | Ki Amat umatur ||

37. Praptèng srambi kinêpyakkên aglis | dhawuhing sang katong | Kyai Amat pakênira mangke | karsadalêm sinêngkakkên dadi | abdidalêm kêtib | aran kêtib Luhung ||

38. Wus mupakat sanagri Mantawis | Mat Têngara mêngko | dadya kêtib Linuhung wastane | sakalangkung sukurirèng Widdhi | Alkamdullilahi | Nyai Amat sêpuh ||

39. Sukaning tyas amarwata siwi | marawayan kang loh | nangis suka nlangsa Pangerane | sigêg ingkang tampi sih narpati | gantya kang winarni | kimas nèng Kêpurun ||

194. Maskumambang

1. Byar raina Kyai Ajar wus umijil | saking ing paiman | mring udyana miyat sari | kudhup mêkar (m)babar ganda ||

2. Angidêri papêthètan jro capuri | nulya mring pagagan | pasêtrèn tanapi têgil | myat kang samya nambutkarya ||

3. Angundhuhi adhêdhangir anggadhangi | ngurut toya ingkang | lumêbu ing jro capuri | kang ngêlêbi patêgalan ||

4. Rame sayuk sadaya kang nambut-kardi | gumatêlling surya | Kyai Ajar pinarak ing | balekambang papungkuran ||

5. Mas Cêbolang kalawan sakawan santri | tumuntur saparan | wus pinarak anèng ngarsi | wedang nyamikan lumadya ||

6. Mas Cêbolang mangênjali matur aris | duk ulun nèng praja | pintên-pintên tiyang èstri | ngupados guna sarana ||

7. Kang supados kinasihana ing laki | patrap kang mangkana | punapa inggih prayogi | tumrapipun ing wanita ||

--- 3 : 79 ---

8. Kyai Ajar pangandikanira aris | patrap kang mangkana | nora ngêmungkên pawèstri | sanadyana jalma priya ||

9. Ingkang samya (n)jangkah drajat amrih singgih | kawiryaning praja | têgêse dadi priyayi | lawan (n)jangkah kasugihan ||

10. Akèh ingkang nganggo srana sarat saking | madhukun prewangan | sumungkêm buburon warih | anyanyêmbah bulus ula ||

11. Rêca lawan kayu sela angkêr eblis | jalma ingkang patrap | mangkana salêksa sisip | saka bodho cublukira ||

12. Pêpuntone katarima myang lêstari | barang kang sinêdya | mung dumunung kalih warni | labêt labuhing pakaryan ||

13. Iku uwis dadi panêmbah pamuji | ing tyas ywa sumêlang | aja êsak aja sêrik | sênêng sukuring satitah ||

14. Lan maninge kang awas angati-ati | sira ngawruhana | pandhita ingkang wus yakti | kang wus kaidèn sri nata ||

15. Kacarita pandhitèstu kudu bangkit | nganggo pangawikan | akèhe wolung prêkawis | lire kang wolung prakara ||

16. Ingkang dhingin Paramasastra winarni | limpat marang sastra | kapindho Paramakawi | têgêse putus ing kawya ||

17. Katri Mardibasa têgêsira bangkit | mantêp têtêmbungan | wilêt manis milangoni | tangèh sinêndhu ing jalma ||

18. Kaping catur Mardawèng-lagu puniki | têgêsira bisa | gawe lêmês dhèmês mathis | lalagon sasaminira ||

19. Kaping lima Awicarita jinarwi | asugih carita | samantra guna lirnèki | mumpuni sugih kabisan ||

20. Kaping sapta Nawungkridha têgêsnèki | lantip panglêpasan | Sambegana jangkêpnèki | têgêse iku elingan ||

21. De ugêre pandhita wolung prakawis | kang dhihin Sih marang | pra murid dènanggêp siwi | kapindho Talatèn mulang ||

22. Katêlune têrtamtu Lumuh ing pamrih | sêpi ing pangangkah | pat Tanggap ing sasmitèki | tampa pasêmoning siswa ||

23. Kaping lima Sêpên panggrayangan yêkti | pangiraning siswa |

--- 3 : 80 ---

ping nêm Tan (m)balèkkên maring | patakon sadhengah-dhengah ||

24. Kaping sapta Sirik yèn ngêndhaka maring | kagunaning jalma | astha Nir ngungkuli wasis | lan nora gurualêman ||

25. Utamane pandhita wolung prakawis | ingkang dhingin apan | Mulus sarianesarirane. brêsih | nora andarbèni cacad ||

26. Pindho Alusing wicara nora asring | mimisuh supata | dene ingkang kaping katri | Jatmika ing solahbawa ||

27. Kaping pate Mantêp babudinirèki | lima Paramarta | labuhane pandhita di | sad Patitis nalarira ||

28. Kaping pitu bêcik lalabêtanèki | kawolu pungkasan | pandhita apan pinasthi | Nora duwe pakarêman ||

29. Amung iki panitike maha rêsi | dene raganingwang | mung mandhêg bisa cariwis | tangèh lamun ngèmpêrana ||

30. Ingkang kaya wolung êbab kaping katri | nanging sri narendra | têka condhong ing panggalih | rumêntah sih trêsnanira ||

31. Pinaringan pangan nganggur anèng wukir | sumiwèng sri nata | amung lamun dèntimbali | dene ta bêkti manira ||

32. Tan lyan muhung amumuja sabên ari | raharjaning praja | kasugêngannya narpati | sagarwa putra santana ||

33. Kang pinundhi-pundhi ing satanah Jawi | tumêkèng pungkasan | lêstari darah narpati | aja nganti kasêlanan ||

34. De sagunge sun wus rumangsa arja ji | jêjêre kaplajar | tansah jajar-jajar jijir | isih jêmbêr nora jêmbar ||

35. Karsadalêm pangkat ajar pan sinami | kalawan mutiyan | utawi para ngulami | nindakkên agama mulya ||

36. Mas Cêbolang sukèng tyas umatur aris | sanadyan jêmbêra | nanging kangjêng sri bupati | condhong saha asih trêsna ||

37. Kadiparan yèn ulun têka ngèsêmi | èsthining wardaya | sumungkêm ing lair batin | ngestokakên pangandika ||

38. Nuwun mugi paringa ngibadah jati | agami minulya | sarak

--- 3 : 81 ---

sarengate Nabi | Mukhamadinil Mustapa ||

39. Sumêbaring tumrapipun tanah Jawi | kawruh tanah Arab | nalika jaman punapi | kapungkur agami Buddha ||

195. Pangkur

1. Ki Ajar alon ngandika | patitising titi mangsanirèki | kulup aku nora wêruh | mung saka kira-kira | pipiridan awit ing caritanipun | sasedane (n)Jêng Susunan | minulya ing Ngampèlgadhing ||

2. Waliyolah tanah Jawa | padha karsa ambuka ngèlmi gaib | ingkang dadya wijinipun | ing wirit wawêjangan | surasane ngèlmu kasampurnan agung | dhewe-dhewe wiridira | nanging nunggal rasanèki ||

3. Ingkang dhingin saangkatan | kala jaman awaling Dêmak nagri | sanggyaning waliyolahu | ingkang karsa amêjang | nora luwih bêbakune namung wolu | sumêbar satanah Jawa | babu babon (m)babar bibit ||

4. Sawiji Kangjêng Suhunan | kang dhêdhepok Girikadhaton nguni | iku wêwêjanganipun | wisikan Ananing Dat | loro Kangjêng Suhunan ing Tandhês iku | wêwêjanganing wêdharan | Wahananing Datolahi ||

5. Katêlu (n)Jêng Susuhunan | ing Majagung wêwêjanganèki | glaran Kaananing Dat-u | papat (n)Jêng Sunan Benang | wawêjanganira ing Pambukanipun | Tata Malige lwih endah | ing dalêm Betal Makmuri ||

6. Kalima Kangjêng Susunan | Muryapada wêjangan pambukaning | Tata Malige linuhung | dalêm Betal Mukaram | nêm (n)Jêng Sunan Kalinyamat wêjangipun | Pambuka Tata Maligya | dalêm Betal Mukadasi ||

7. Sapta Kangjêng Susuhunan | Gunungjati wawêjangannya titis | Panêtêp santosanipun | Imaning kang manungsa | wolu Kangjêng Suhunan Kajênar luhung | wêjangane Sasahidan | ganêp wolu para wali ||

--- 3 : 82 ---

8. Ing sa-angkatan manèh kala | jamanira akiring Dêmak nagri | tumêka ing jamanipun | karaton nagri Pajang | para wali kang karsa amêjang ngèlmu | iya mung wolu balaka | nora nana maning-maning ||

9. Sawiji Kangjêng Suhunan | Giri Prapèn kang (m)balela narpati | ing samangke wus kapikut | binêkta mring Mantaram | garwa putra sawadyane nora kantun | atanapi rajabrana | jinarahan gusis tapis ||

10. Mung putra saka ampeyan | jalu loro sawiji kang pawèstri | Jayèngrêsmi kang asêpuh | anulya Jayèngsêkar | wuragile dyah Rancangkapti pinunjul | bêdhahe ing Giripura | Jayèngrêsmi nulya anis ||

11. Arine kakalih myarsa | Jayèngsari kalawan Rancangkapti | sumusul ing kadang sêpuh | ananging seje paran | dene ingkang ambêdhah ing Giri mau | Pangran Pêkik Surabaya | kaipe (n)Jêng sri bupati ||

12. Nulya ngutus kajinêman | angupaya putra putri kang anis | nanging parmaning Hyang Agung | kantinganti. têkan samangkya | durung ana pawarta lamun kapikut | kabar kabur kang binabar | citraning dyah Rancangkapti ||

13. Salumahing Jawa Wetan | tangèh lamun ana-a kang amirit§ Prayoginipun / amirib / = mèmpêr. | dhasare ayu pinunjul | cacade amung waja | rada gingsul manis mêrakakên kalbu | upama iku dadiya | jodhomu langkung utami ||

14. Nanging paran pangupaya | rèhning lagi piningit ing Hyang Widdhi | Mas Cêbolang duk angrungu | kumêmbêng waspanira | ketang wêlas marang kang anis ngêlangut | locitaning tyas prasêtya | ingsun nora niyat rabi ||

15. Liyaning dyah Rancangkaptya | dene lagi miyarsa pawarti |Kurang satu suku kata: dene lagi amiyarsa pawarti. kataman ing lara gandrung | ngêndi (ng)gonku ngupaya | sira rara kang asung gandrung mangunkung | sukalila praptèng lena | yèn tan panggih sira gusti ||

16. Ki Ajar dupi uninga | Mas Cêbolang kumêmbêng mambu-ati |

--- 3 : 83 ---

suka gumuyu lingnya rum | apa kang dadi sabab | têka sira kumêmbêng arsa wêtu luh | dudu sanak dudu kadang | krungu warta lagi mangkin ||

17. Mendah yèn wus uninga-a | baya banjur kalêngêr nini-nini | Mas Cêbolang mèwèk matur | sêrêt kêdaling sabda | dhuh sang dibya mugi jarwa-a satuhu | paran ing wusananira | kang samya kawêlas asih ||

18. Kang iku walahu'alam | bokmanawa yèn pinarêng ing Widdhi | kacatur dumadya kumpul | nèng jaman kaênêngan | ah wis kulup iki gunêm yèn kabanjur | basane (m)buka warana | olèh sikuning Hyang Widdhi ||

19. Puntoning tyas dipracaya | nênging nala kumandêl ing Hyang Widdhi | (m)balèni caritaningsun | wali kang arsa mêjang | sawiji (n)Jêng Sunan Giri Prapèn wau | wawêjanganira apan | wisikan Ananing Dat-i ||

20. Loro Kangjêng Susuhunan | ing Darajat wawêjangan wêdharing | Wahananing Datolah-u | katêlu (n)Jêng Susuhunan | Ngatasangin dene wawêjanganipun | gêlaran Kaananing Dat | sakawanne kang winarni ||

21. (n)Jêng Suhunan Kalijaga | ajujuluk Sèh Malaya Ki Sahid | karêm mring ora puniku | wêjanganing pambuka | Tata Malige ing dalêm Betal Makmur | banjur (m)babar ingkang dadya | parabotira kang wirid ||

22. Amatrapakên punika | panjênêngan ing ê-Dat sadayèki | ananging ta durung turut | patrap panganggenira | ing sawiji wijining parabot wau | kalimane (n)Jêng Suhunan | ing Têmbayat kang mandhiri ||

23. Linilan dening gurunya | iya iku Kangjêng Suhunan Kali | wiridkên wêjanganipun | pambukane kang Tata | Malige ing dalêm Betal Mukaram-u | kanême Kangjêng Suhunan | ing Padusan dhepoknèki ||

24. Wawêjanganira apan | pambukaning Tata Malige adi | dalêm Betal Mukadasu | kasapta kang paparab | Kangjêng Sunan ing Kudus wêjanganipun | Panêtêp santosanira | kang minulya Iman [I...]

--- 3 : 84 ---

[...man] Sukci ||

25. (n)Jêng Sunan Gêsêng ka-astha | Sasahidan wawêjanganirèki | mungguh wawêjangan wolu | surasane anunggal | marga saka piridan pamêjangipun | (n)Jêng Suhunan Ngampèldênta | barêng tumêka saiki ||

26. Wawêjangan wolung pangkat | karsadalêm Sultan Agung Mantawis | kaimpun saprabotipun | supayane mutamat | surasane sakèhe wêjangan wau | puniku banjur kababar | dadi wawêjangan siji ||

27. Sawuse cundhuk kalawan | kawruhira para kang ahli ngèlmi | saka karsadalêm mau | kang karilan miridna | wawêjangan wowolu kang wus kinumpul | uga wolu kang winênang | liyane tan dènlilani ||

28. Panêmbahan Purubaya | Panêmbahan Juminah lawan malih | nama Panêmbahan Ratu | Ratu Pêkik parabnya | Panêmbahan Jurukithing ing Mantarum | Pangran Kadilangu lawan | Pangran Têmbayat palinggih ||

29. Maninge Pangran Kajoran | Panêmbahan Rama jujuluknèki | Pangran ing Wangga kawolu | iku pamyarsaningwang | nora nana alane yèn sira sarju | niyat arêp puruita | ingsun bangêt anjurungi ||

30. Mas Cêbolang duk miyarsa | saya giyuh keron ingkang kaèsthi | wêkasan nir sêdya suwung | kumambang karsaning Hyang | matur aris dhuh risang mardawèng laku | aywa kirang pangaksama | bilih kaparênging galih ||

31. Benjing enjing wanci pajar | kalilana pun patik nyuwun pamit | mundur saking ing Kêpurun | tambuh paranning sêdya | lumaksana timbalanira Hyang Agung | Ki Ajar suka ngandika | aywa pêgat ngati-ati ||

32. Tan luwih pangèstuningwang | myang pujarja muga Hyang Odipati | nêmbadanana sakayun | Cêbolang ngraup pada | lan santrinya catur samya ngaras suku | mundur saking ing ngajêngan | wangsul mring pondhokanèki ||

--- 3 : 85 ---

33. Kakang Nurwitri Saloka | Kartipala kalawan Palakarti | padha bêrdandanna gupuh | têngah dalu lumampah | karêntêging tyasingsun ngetan mangidul | sandika kang sinung sabda | sawusira amiranti ||

34. Tumurun saking ngasrama | titi sonya wus ngancik gagat enjing | sukèng tyas risang nahênkung | miyat rêngganing tawang | taranggana sumunare wèh mawêlu | kalindhih cahyaning candra | kaping salawe marêngi ||

35. Alon wau tindakira | miyarsakkên ungêling paksi-paksi | srigunting munya jêthithut | kacêr sikatan tanggap | mêdhar swara cocak kuthilang ambarung | jalak-urèn pênyu kadya | anyênggaki lantik-lantik ||

36. Jêkikèring ayamwana | tuhu kolik sauran ngêlik-ngêlik | bêrkutut anduduk layu | dêrkuku bêbêkuran | tangèh lamun ucapên langêning manuk | mawèh sênênging wardaya | suka kang andon lumaris ||

37. Wanci bangun praptèng ngandhap | Sang Hyang Surya mungup saking jaladri | miyak lamuking kang gunung | rêmu-rêmu rêspatya | saput siti nulya Hyang Baskara mungup | anèng pucaking ngaldaka | madhangi sakèh dumadi ||

38. Rame kang anggarap sawah | dhangir têgal têmbangan lantik-lantik | nora tiba pada (n)dlujur | angêlik sak-sayaha | sasênggakan ja lali lo titipaku | gambir bako ya mas ya mas | bubar panèn dak tikêli ||

39. Suka kang andon lumampah | Ki Nurwitri Saloka mijêt ati | dudu padon si dêruhun | baya mamèrkên swara | dudu uwong ngêlik kaya asu (m)baung | otote pating karêncang | matane pating pandêlik ||

40. Ana sawiji jajaka | dhasar blatèr swarane rata apik | sugih apilan puniku | labête kêrêp manjak | nunggang luku uning kang andon lumaku | tandya ki jaka ra-ura | gumlangga wilêt patitis ||

41. Sawi janur kula ya mas | gandariya gandhung kang pindha warni | kêmbang kapas kapilêngkung | jroning tyas kudhandhangan | pêksa ngarang wursita kawarnèng kidung | lêsung dawa

--- 3 : 86 ---

tadhah udan | kêpalang tuna ing budi ||

42. Tur durung wêruh pa pincang | mandèkneya§ Prayoginipun / andèkneya /. kumudu mudun bumi | pindha kridhaning para nung | mêdhar mawantra-sita | bocah cilik klambi abang ikêt wulung | manthêng pamèting lukita | yayah wikramèng pangèsthi ||

43. Ana kacang nunggang tela | wus kacihna ajaran durung bangkit | kêmbang salak sari nyamplung | ngathêkêr nitrèng kata | mung kinarya tambêl butuh trima lowung | kampyang lawang saupama | tangèh wruh lèrèging kawi ||

44. Wadhuk pitik (ng)gih man dhoplang | kil-kil bungkil cagak awak ya sikil | tan tolèh ing sarusiku | saking siguging basa | basakneya basane bangsa sinau | macan tenong sarwa cingkrang | mardawa mardining wadi ||

45. Pitik-walik saba jogan | kranjang blarak mas ngantèn kandhang pitik | yèn bisa-a kang ginilut | pindha pra pramèngsastra | nanging wêgah kawêkèn ngupaya têmbung | abang-abang dudu kidang | kongsi wêgah mamanasi ||

46. Wus katon kang wawangsalan | korèk-korèk kêpèke dèn-gojagi | antuke mung pak boletus | prandene sotaning tyas | lelewane napak tilas pra pinutus | pindhang lulang kacèk apa | lawan ingkang sugih picis ||

47. Dadya rindhik kang lumampah | samya kèndêl nahan kang nambutkardi | maspadakkên kang lumaku | sawênèh ana ngucap | pyayi ngêndi dene wayahe kêmlancur | njlanthir kaya kêcik bajang | sêdyane marang ing ngêndi ||

48. Mampira mring wismaningwang | dak (ng)go bibit têmbene mèn mêtoni | ya ngono kang apa (n)jaluk | kang sinung ujar ngakak | aku trima (m)belakke anakmu gêndhuk | gèdhèg-gèdhèg kêdhèp têsmak | lir mêndêm Pucung ngacuwis ||

196. PocungTeks asli: Pucung.

1. Lampahipun ing Kêpurun wus kapungkur | ngancik ing Prambanan | surya mèh tumamèng wukir | lêrêm anèng ngèrèng-èrèng pinggir jurang ||

--- 3 : 87 ---

2. Samya lungguh nèng ngisoring mandera-gung | suluring mandera | nutup rapêt padhas-curi | ngêmbês ngêtuk saking sukuning kang arga ||

3. Ting karêncang tumali ing watu-watu | pucuk nyongat pêthak | amarêntul mijil warih | tètèsing kang toya tumibèng ing sela ||

4. Têmah nglumpuk kalêmpaking toya wau | marawayan marang | sumbêr toyanira wêning | mina alit-alit gumêbyar liwêran ||

5. Sru kacaryan miyat wêninging kang ranu | myang solahing mina | sang andon mring têpi warih | ngayêm-ayêm sarira cacawuk toya ||

6. Nulya wontên pawèstri kang ayun ngangsu | kandhêg lampahira | Palakarti lingira ris | (n)dawêg adhi lajêng angambila toya ||

7. Lah ing ngriki pundi namane kang dhusun | pangagênge napasapa. | umbul bêkêl kenthol tinggi | lurah miwah ing pundi pagriyanira ||§ Prayoginipun / ta griyanira /.

8. Inggih ngriki Parambanan ranning dhusun | ki lurah Harsana | kang dados pangagêngnèki | kwajibannya rumêksa candhi sadaya ||

9. Candhi Sèwu candhi Jonggrangan puniku | kèndêla sakêdhap | kula poyanane dhisik | nulya wangsul kang arsa ngangsu mring sêndhang ||

10. Praptanipun kalurahan kulanuwun | ki lurah ing sêndhang | wontên dhatêngan ki santri | ingkang kalih taksih anèm anjênthara ||

11. Radi bêsus jatmika pasêmonipun | Harsana duk myarsa | nyandhak sarung langking aglis | kinalungkên anyangking kudhi tarantang ||

12. Bêluk-bêluk èh-èh êmbokne si gêndhuk | anggodhoga wedang | adanga bêras kang wangi | nyambêlèha pitik cêmani kang dhra ||Kurang satu suku kata: nyambêlèha pitik cêmani kang dhara.

13. Wus umentar praptèng sêndhang mundhuk-mundhuk | Mas Cêbolang tanggap | Harsana asung pambagi | kulanuwun kang nêmbe tigas kawuryan ||

--- 3 : 88 ---

14. Ajarwaa sinambat sintên wong bagus | ing pundi pinangka | miwah arsa dhatêng pundi | yèn kaparêng lèrèha ing wismakula ||

15. Cêbolang ngling kula santri saking Kêdhu | anama Cêbolang | punika nama Nurwitri | Ki Saloka Palakarti Kartipala ||

16. Sêdya ngluyug anut saparanning suku | yèn kapadhan karsa | ulun ayun aningali | candhi-candhi wawêngkoning Parambanan ||

17. Ki Harsana panuju sru sukèng kalbu | kapasang sayogya | sawarnining candhi-candhi | rêca-rêca kula kang wajib rumêksa ||

18. Wawi bagus rumuhun mring candhi Sèwu | lajêng mring Jonggrangan | sampuning ningali candhi | mangke dalu sipênga ing wismakula ||

19. Lumaksana lurah Harsana nèng ngayun | Cêbolang kalawan | catur santri atutwuri | tan pantara dangu praptèng candhi Sasra ||

20. Winursita candhi Sèwu manggènnipun | anèng ngara-ara | ragi mênggêr sawatawis | papan wradin pasagi binatur sela ||

21. Inggilipun sapanjongak kadung-kadung | gapura majupat | pratisthèng têngah capuri | minggahipun mawa dhak-undhakan astha ||

22. Pipining kang gapura sakawan wau | sinungan gupala | gêng luhur jegrang ngajrihi | mandhi gada pindha Hyang Cingkarabala ||

23. Candhi alit lir wisma pajagan dhapur | thinarik tinata | ngubêngi kanang capuri | kathahipun kalihatus sadayanya ||

24. Jrambah nginggil sinarasah sela alus | têngahing jarambah | candhi gung luhur mantêsi | catur tajug blowong pasagi têngahnya ||

25. Sisih kidul mawa gothaka tan têrus | kilèn êlèr samya | gothaka buntu tulya-sri | rinarêngga ingukir pinatrap puspa ||

26. Namung wêtanwetan. sinungan gapura luhung | sela rinumpaka | lung-lungan rêmit rêspati | apapindha pêksi ngrabasèng puspita ||

--- 3 : 89 ---

27. Margi têrus anjog kalowongan wau | nanging tan warata | mawi mangandhap manginggil | tri onjotan tumurun praptèng lowongan ||

28. Kang samya non ngubêngi capuri kêmput | wangsul ing gapura | kang êlèr tandya manginggil | praptèng jrambah rêsik agasik warata ||

29. Amalipir mangilèn ing lampahipun | duk praptèng jarambah | kang kidul Cêbolang angling | pucak candhi katingal papak warata ||

30. Drêng kapencut arsa uning pucakipun | punapa wontêna | margi atanapi kenging | minggah maring pucaking candhi punika ||

31. Kang sinung ling Ki Harsana lingira rum | (ng)gèr kauningana | botên wontên margi malih | lan punika ngalowong dumugi ngandhap ||

32. Wawi laju praptèng sisih wetan (n)dulu | gapura rinêngga | dangu dènnira ningali | ascarya (m)bêg miyat rêmiting garapan ||

33. Cêbolang ngling punapi kenging lumêbu | lah bagus sumangga | janji kula ingkang ngirid | ingkang sampun sêpên ingkang kara-kara ||

34. Samya mangsuk margi minggah gya tumurun | sabên saonjotan | wontên gapuranya alit | gapura kang pungkasan kilèn dyan mandhap ||

35. Praptèng têngahing candhi jarambah alus | wradin rêsik gilap | sapangandhap sapanginggil | rêsik gasik nir lumut simbar myang katang ||

36. Samya ngungun Nurwitri tatanya arum | bilih mangsa jawah | punapi tan kilèn warih | dene botên wontên tabête kang toya ||

37. Lamun nglumut iba ta rêkaosipun | anggènnipun (m)bucal | sagêde rêsik gumrining | Ki Harsana gumujêng alon lingira ||

38. Lêbêt ulun mariki saèstu amung | yèn wontên dhatêngan | ingkang kaparêng ningali | kilap inggih têka makatên kewala ||

--- 3 : 90 ---

39. Sajêgulun saèstu dèrèng sumurup | kleyang ingkang dhawah | wontên ing nglêbêt puniki | dalah lêbu blêdug tan ana tumiba ||

40. Wawi sampun bokbilih botên kacukup | ningali Jonggrangan | sêlak kasaput ing ratri | wus umêdal praptèng jawining gothaka ||

41. Dyan tumurun mêdal gapura kang kidul | lajêng lampahira | miyat candhi alit-alit | candhi Lumbung pasagi majêng mangetan ||

42. Pungkas kidul candhi Pawon namanipun | ajênge mangetan | gothak têrusgothaka trus. dènlêbêti | mêdal laju ngidul-ngilèn lampahira ||

43. Santri catur prasamya imbalan wuwus | eramku tan kêndhat | sabên uning candhi-candhi | panggarape kaya paran duk ing kuna ||

44. Nurwitri kiraku pujan sadarum |Kurang satu suku kata: Nurwitri kiraku pupujan sadarum. crita jaman Buda | padha bêtah tèki-tèki | pramilane panyuwunne krêp katêkan ||

45. Kartipala angling ingkang candhi Mêndut | tataletatane. kang sela | ngundhung-undhung kadi wukir | dadya cihna dadine candhi kinarya ||

46. O o iya ewuh têmên kiraningsun | wis ta êmbuh kakang | pikirku nora dumugi | pak Harsana pundi ing candhi Jonggrangan ||

47. Kilèn niku (ng)gèr sing (ng)gamêng kadya dhusun | nahên lampahira | wus (n)dungkap minggah sakêdhik | myat capuri kinubêng cêpaka pêthak ||

48. Jênar arum candhana kumuning mlêtuk | myang pacar kênanga | cina warsiki srigadhing | nagasari rêjasa kananga soka ||

49. Samya sêdhêng iya (m)babar ganda arum | kasilir maruta | nampêg kang andon lumaris | kataman ing ganda rum sarira sumyah ||

50. Èrèng-èrèng klapa dênta mubêng kêmput | myang klapa mawarna | sinêling lan jambe wangi | mayangmêkar Sinome candhi Jonggrangan ||

--- 3 : 91 ---

197. Sinom

1. Ambanon binatur sela | mangidul ujurirèki | inggil sapundhak watara | dhak-undhakan tundha katri | têmu-gêlang ngubêngi | jrambah nginggil siti alus | sêkar-sêkar mawarna | ngrênggani kang astha candhi | ingkang mungging babagan candhi Jonggrangan ||

2. Ananing candhi winarna | sisih wetan cacah katri | samya ngilèn ajêngira | sisih kilèn ugi katri | mangetan ajêgnèkiajêngnèki. | ajêng-ajêngan katêlu | sisih êlèr satunggal | mangidul ajêngirèki | sisih kidul satunggal ngalèr ajêngnya ||

3. Kang mungging padon lor-wetan | candhi Uma namanèki | pasagi sarasah sela | datan mawi pinaringgit | ngandhap praptaning nginggil | tigawêlas tlundhakipun | isi rêca sakawan | maju-pat manggènnirèki | Dèwi Uma Sang Hyang Brama Lodra Kala ||

4. Sakiduling candhi Uma | têngah lêrês ing botrawi | winastan candhi Andana | mangilèn lajêngirèki | gêng-inggil langkung kêdhik | lawan candhi Uma wau | dhak-undhakan sawêlas | jrambah srasah sela langking | pinaringgit nanging wus kathah kang risak ||

5. Pasagi kang wawangunan | isi rêca kawan siki | nèng têngah Lêmbu Andana | mangilèn ajêngirèki | Lêmbu Andini munggwing | pojok kidul-kilènipun | mangalèr ajêngira | Lêmbu Andini ingapit | rata mawi pangirit kuda sajajar ||

6. Ingkang anèng kidul-wetan | winastanan candhi ê-Sri | pasagi sinrasah sela | datan mawi pinaringgit | kêmbar lan Uma candhi | sami triwêlas mandhuwur | rêca catur maju-pat | Sri kilèn amangku margi | kang lèr Maya Endra kidul Guru wetan ||

7. Nèng kidul dumunung têngah | sakilèning candhi ê-Sri | winastanan candhi Candra | mangalèr ajêngirèki | pasagi andhap alit | undhak-undhakannya pitu | jarambah sinarasah | sela krêsna tan rininggit | rêcanira sajuga nama Hyang Candra ||

--- 3 : 92 ---

8. Ing pojok kidul-pracima | candhi Brama wastanèki | pasagi sinrasah sela | datan mawi pinaringgit | jêng-ajêngan lawan Sri | undhak-undhakan salangkung | têngah ingkang jarambah | kadi sumur tinon wingit | rêca tiga majêng ngalèr ngidul ngetan ||

9. Kang pênêr ing dhak-undhakan | mangkya Brama amandhiri | busana cawêt kewala | Sang Hyang Bayu ingkang munggwing | ing sakidul parigi | de kang anèng loring sumur | winastan Sang Hyang Kala | langkêp busananirèki | samya ngadêg tumèmplèk ing papan sela ||

10. Salèring kang candhi Brama | têngah lêrês binotrawi | majêng ngetan jêng-ajêngan | kalawan Andini candhi | agung luhur pribadi | punika ingkang sinêbut | nênggih candhi Jonggrangan | de candhi sapta gêng alit | grêbanipun anama candhi Jonggrangan ||

11. Maju-pat margine minggah | mawa dhak-undhakan sami | ing kiwa têngên sinungan | papagêr sela ingukir | wawangunan pasagi | sinarasah sela alus | pinaringgit rinêngga | ingukir gambaran adi | lalampahanira Sang Bathara Rama ||

12. Wit linggar saking Ngayodya | dumugi pêjahirèki | sang buminata Ngalêngka | mila gambaran mawarni | ana kang kadi jalmi | lir wanara pêksi diyu | tanapi kakajêngan | arga wana myang jaladri | wandanira tan pae kalawan rêca ||

13. Satêngahing kang jarambah | candhi sawatawis inggil | dhapur tajug sawatara | sakawan wadana mawi | gothaka pênêr margi | kang nèng jroning gothakèku | nênggih kang sisih wetan | lêrês marginya manginggil | apan warni tumpakan lirpendah sima ||

14. Ing sangajênging gothaka | rêca cawêt amandhiri | winastanan Sang Hyang Siwah | ngajêngan sumuran alit | sirah naga nutupi | gothaka kang sisih kidul | rêca marabot lênggah | wasta Hyang Kanekasiwi | ingkang manggon gothaka kilèn winarna ||

15. Rêca lênggah sirah gajah | marabot Hyang Gana nami | nahan kang anèng gothaka | ing sisih êlèr winarni | rêca mrabot mandhiri | sakawan astanirèki | satunggal ngasta sêkar | tumèmplèk grananirèki | kang sajuga ngasta cis kalih nèng dhadha ||

--- 3 : 93 ---

16. Cakêt suku ingkang ngarsa | rêca alit-alit kalih | punika ingkang winastan | Rara Jonggrang narambahi | namaning kanang candhi | kang nèng lèr-kilèn winuwus | salèring candhi Jonggrang | candhi Wisnu namanèki | majêng ngetan jêng-ajêngan candhi Uma ||

17. Pasagi sinrasah sela | datan mawi pinaringgit | kêmbar lawan candhi Brama | têngahing jarambah mawi | [...] |Kurang satu baris: sarasah sarta mawi [sumber: koleksi Jurusan Sastra Daerah UNS]. sumuran singit asingup | rêca tri kang nèng wetan | pênêr marginya manginggil | ran Hyang Wisnu mandhiri cawêt kewala ||

18. Hyang Endra kidul sumuran | lèr sumur Hyang Bayu nami | marabot mandhiri samya | tumèmplèk papan rêspati | kang mungging lèr mungkasi | candhi Surya majêng ngidul | kêmbar lan candhi Candra | sapta dhak-undhakanèki | nèng têngahing candhi Wisnu lawan Uma ||

19. Sigêg gantya Ki Harsana | dènnya ngirid sampun prapti | sakiduling candhi Uma | samya ngaso ngaring-aring | Harsana lingira ris | lah suwawi anak bagus | minggah mring candhi Uma | inggih kang êlèr puniki | sayogyaning Cêbolang sarencangira ||

20. Wus tamat dènnira mulat | tumurun mangidul kêdhik | minggah mring candhi Andana | tamat dènnira ningali | tumurun ngidul malih | minggah candhi Sri puniku | wus tamat dènnya mulat | tumurun mangidul kêdhik | nulya minggah mangidul mring candhi Candra ||

21. Tan dangu tumurun sigra | mapan ngilèn tan atêbih | minggah maring candhi Brama | tamat dènnira umèksi | Harsana tansah criwis | mêdharakên namanipun | candhi myang rêca-rêca | ingkang samya dèntingali | gya tumurun ngalèr mring candhi Jonggrangan ||

22. Margine minggah marapat | wetane kang dènunggahi | praptèng sumur tutup naga | mangidul lampahirèki | nêkuk mangilèn nuli | gadhug pojok dyan manêkuk | ngalèr gadhug padonan | mangetan lampahirèki | praptèng ngajêng gothakaning Rara Jonggrang ||

--- 3 : 94 ---

23. Ki Harsana lon lingira | lah punika iloknèki | ingkang anama Jonggrangan | suwawi dipunlêbêti | Cêbolang catur santri | lumêbêt mambêt ganda rum | sêkar konyoh angambar | padupane tharik-tharik | turut pinggir lawan tepas rara tumpak ||

24. Rêca Jonggrang ginarayang | alus kalimis kumlinthing | sajatine sanès sela | tamat dènnira ningali | mêdale tanya maring | Ki Harsana èstunipun | rêca (m)bok Rara Jonggrang | dene alus kumalinthing | anggèr niku sayêktose sanès sela ||

25. Criyose kang wus suwarga | punika parunggu yêkti | Nurwitri njlimêt umiyat | corèkan kang mungging ringgit | kêmput dènnya ningali | tanya gambar punapèku | criyose (ng)gih punika | Bathara Rama ing nguni | putra nata nagri Ngayudya Indhustan ||

26. Nurwitri alatah-latah | kathah èmpêripun inggih | wontên gambare wanudya | tan kêmbên anèng ngisor wit | nginggiling uwit mawi | kadi wanara mêthangkruk | kula èngêt samana | têmbung têmbungipun kawi | jawanipun Anoman uwus malumpat ||

27. Praptèng witing nagapuspa | mulat mangandhap umèksi | wanudya yu aking kêra | gêlung risak awor siti | kang iga-iga kèksi | tanpa kêmbên jatosipun | punika nyatanira | Ki Harsana inggih-inggih | wus tumurun mangsuli margi duk minggah ||

28. Atatanya kadiparan | sêkar konyoh amênuhi | padupanipun angambra | Harsana aris nauri | sabên pêkênan ngriki | kathah para bakul-bakul | tanapi palanyahan | samya nyunyuwun supadi | gangsar laris (ng)gènnipun ngupaya têdha ||

29. Utawi yèn dintên malang | malêm Jumngah (ng)Gara-kasih | ugi kathah ingkang samya | atur dupa buratwangi | kula nuwun tan uning | kang dadya panuwunipun | manawi dipun-nalar | èstu tan panggih-pinanggih | pundi wontên arca asung kamirahan ||

30. Ananging sampun dilalah | (m)bokmanawi awit saking | kang yasa bêtah cacêgah | dumadi manungsa luwih | tyas manggung ênêng-êning | katrima panyuwunipun | dumugi ing samangkya | katrimahekatrimane. nyarambahi | kang sinung ling manthuk-manthuk sadayanya ||

--- 3 : 95 ---

31. Gya mangalèr lampahira | candhi Wisnu deninggahi | wus tamat dènnya tumingal | tumurun ngetan sakêdhik | mangalèr minggah candhi | Surya tan pantara dangu | tumurun gya mangetan | wangsul kidul Uma candhi | samya kèndêl Mas Cêbolang ngunandika ||

32. Candhi bagus sadayanya | rêca apik-apik sami | nanging wus akèh kang rusak | kari Jonggrangan kang apik | wanci surup Hyang Rawi | gantya Sang Hyang Wulan timbul | nyunari sabuwana | enggar rarywa alit-alit | jalu èstri gumêrah samya dolanan ||

33. Harsana manis lingira | sèstu kula-aturi |Kurang satu suku kata: saèstu kula aturi. lêrêm dhatêng griyaningwang | Mas Cêbolang nayogyani | tandya samya lumaris | prapta pakaranganipun | lumêbêt mring pandhapa | nèng salu wus dèn-gêlari | klasa batu lêmir kêntèl pêthak-pêthak ||

34. Pasugata wus tinata | wedang têmu kêmpling-kêmpling | linalapan gêndhis klapa | cinithak samripat kucing | pêthake sêmu kuning | kêthak-kêthak nanging êmpuk | nyamikan gêmblong jadah | jênang dodol lawan wajik | kêtan salak gula sêmut karasikan ||

35. Pondhoh pudhak abrit pêthak | jênang pala arum gurih | jênang durèn jênang nangka | sadaya binuntêl upih | tumumpang anèng piring | ontongan kalobot alus | têmbakone garangan | upêt mancung alus gilig | slêpa alus kêbak bon-abone sêdhah ||

36. Ki wisma ngling lah sumangga | sawontêne dènrahabi | lumayan jampi katoran | manawi sampun dumugi | lèlèh-lèlèh§ Prayoginipun / lèyèh-lèyèh / = ngaso têtilêman. prayogi | pambingkasing suku rasuh§ Prayoginipun / rapuh / = sayah sangêt. | sasmita Mas Cêbolang | mring catur santrinirèki | samya rahab minum wedang nyanyamikan ||

37. Bikut ngladosi ki wisma | wedang lukak dèn-êjogi | sawontêne nyanyamikan | linarihakên waradin | dadya tamunirèki | sadaya sêmada tuwuk | suwawi dinugèkna | ulun amit malbèng panti | ambejani dhumatêng (m)bok-jêngandika ||

--- 3 : 96 ---

38. Cêbolang (n)dhêku lingira | saèstu botên (n)darbèni | rikuh pakèwêt wus kadya | nèng (ng)gonne yayah pribadi | enggar kiyai panti | kaduga sajroning kalbu | malbèng mring wisma tanya | (m)bokne apa wus miranti | kirang kêdhik sawêg ngêngêt sate ayam ||

39. Galemboh piyik kêmbaran | sawêg sami dènwadhahi | nahan tamu kang tinilar | lèlèh-lèlèh§ Prayoginipun / lèyèh-lèyèh /. rêm-rêm pitik | wênganing lawang kori | Ki Wisma mêdal rumuhun | paladèn pinrentahan | angundurkên dhaharan | glis wis ginanti anduduk sunggata nadhah ||Lebih satu suku kata: glis ginanti anduduk sunggata nadhah.

198. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Dyan tinata ajang kinênongan sêkul | ulam rinampat mawarni | jangan cupang sambêl jagung | pêcêl-pitik jangan mênir | lodhoh pindhang ayam bumbon ||

2. Sambêl ulêg trasi abrit radi kaduk | lalabanira mawarni | rampunging panatanipun | tamune wus samya linggih | Lurah Harsana lingnya lon ||

3. Lah suwawi punika barkahing ratu | prayogi dipunrahabi | kang sinung ling samya (n)dhêku | sawusira awawanting | Bismilah gya nadhah alon ||

4. Ki wisma ngling sampun mawi kadhung-kadhung | ulun iki mung sadrêmi | makatên (ng)gèr êliripun | kula pinaringan sabin | tigang êjung dados lungguh ||

5. Wah ampilan kathahipun gangsal êjung | punika pirantosnèki | sêgah ing sawarninipun | kang sami ningali candhi | lajêng lèrèh griyaningong ||

6. Myang sudhiya sasipêngan ingkang patut | bilih ngantos nguciwani | èstu kataman babêndu | Cêbolang sasantrinèki | (n)donga ngluhurkên sang katong ||

--- 3 : 97 ---

7. Pragat donga anadhah malih pikantuk | galemboh kang dènparêngi | wus dumugi dènnya kêmbul | mundur wowohan gumanti | salak kêpêl pisang-katong ||

8. Wedang bubuk kênthêl gêndhise ginêbyur | sabun-pisangmas binrêndhil | punika pamangsêgipun | miwah pangusaping amis | kang sinung ling samya dhokoh ||

9. Wusnya tutug wênèh dêgan miwah udut | Harsana eca manggihi | Mas Cêbolang tatanya rum | wontênipun candhi-candhi | nguni paran kang cariyos ||

10. Anak bagus gotèkipun tiyang sêpuh | wontên cariyos kakalih | kang satunggal jamanipun | kraton Pêngging Dwarawati | kalih Majapait kraton ||

11. Pundi ingkang lêrês jêr sami tan wêruh | Mas Cêbolang miminta sih | dhuh babo kang pinisêpuh | bilih kaparêng ing galih | amêdharna kang cariyos ||

12. Kaoling kang jaman Pêngging kratonipun | Ki Harsana nayogyani | mapan dènnya lungguh timpuh | siduwa§ Prayoginipun / seduwa /. tanganirèki | pasang karna kang ayun wroh ||

13. Binathara sri ing Pêngging ajujuluk | Pancadriya narapati | samuksanya tilar sunu | catur jalu pêkik-pêkik | samya prawirèng palungon ||palugon.

14. Pambajênge raja pandhita jujuluk | Rêsi Dewabrata sidik | Madyapanjang dhepokipun | panggulu jumênêng Pêngging | Sri Dewanata kinaot ||

15. SuwêgSawêg. darbe putra sajugèstri ayu | nama Dèwi Rarasati | seda kunduran kang ibu | sumêndhi natèng Salêmbi | Sri Dipanata wiranom ||

16. Putra katri Dyan Damarmaya kang sêpuh | martapi nèng Parangtritis | Dyan Citrasena panggulu | Dyah Citrawati wuragil | ayu kuning therok-therok ||

--- 3 : 98 ---

17. Wuragile Sri Endranata linuhung | kang tinanêm anèng nagri | Sudimara kratonipun | nanging dèrèng asisiwi | bagus prawirèng pakewoh ||

18. Kacarita wontên narapati diyu | Sri Karungkala wawangi | ing Prambanan prajanipun | darbe ari warni jalmi | Rara Jonggrang moblong-moblong ||

19. Yaksendra kung mring dyah Rarasati wau | atmaja sri natèng Pêngging | gya atur surat panuwun | duta kalih kang lumaris | sêrat katampèn sang katong ||

20. Asru bêndu narapati dhawuhipun | pa-gene rajanirèki | murang kramaniti tuhu | tanpa ngrasa yèn pinasthi | nèng soring amparaningong ||

21. Amung eling watêke raksasa êdur | (n)jujurkên angkara budi | caraka mundura gupuh | dhawuhna wangsulanmami | mring rajamu yaksakatong ||

22. Ananira sisiku pan saka saru | iku bae yaksa-aji | ngrasakna dènkongsi gadhug | mundur caraka kakalih | sang aprabu dhawuh alon ||

23. Yayi Endranata lumakuwa gupuh | mring Madyapanjang sumiwi | kakang wiku yèn sa-arju | ingsun aturi tumuli | de kakang patih sunkongkon ||

24. Ngupaya-a saraya jalma linuhung | linirukkênlinurukkên. ing ngajurit | kang bisa nyirnakkên ripu | bakal ingsunpatêdhani | Rarasati putraningong ||

25. Nêmbah matur sandika kang sinung dhawuh | anulya Prabu Salêmbi | yèn makatên karsa prabu | amba tantune rumiyin | Citrasena putraningong ||

26. Natèng Pêngging kaparêng dadya tan èstu | utusan kiyai patih | sang prabu jêngkar ngadhatun | bubaran kang samya nangkil | Sri Salêmbi cinariyos ||

27. Sapraptane ing praja ngandika arum | maring putranya taruni | Citrasena mau ingsun | tampa dhawuhe kakaji | sirarsa sinrayèng pupoh ||

--- 3 : 99 ---

28. (m)Birat maring murangniti lamun unggul | bakyunira Rarasati | dhinaupkên lan sirèku | minangka ganjaranèki | putra nêmbah matur alon ||

29. Tumètèsing dhawuh sandika pan amung | rèhning badan-ulun yêkti | tan bangkit sadayanipun | sarerekaning ngajurit | mila nyuwun mopo ingong ||

30. Sang aprabu ngandika lah iku kulup | rèhning sira satriya di | kudu sudira ing kewuh | wruhanta sagung dumadi | sajatine sutaningong ||

31. Kawisesa dening purbaning dewagung | nadyan punjul dibya sêkti | yèn pasthi karsa dewagung | kinarya asoring jurit | tan wurung nêmahi kasor ||

32. Nadyan cubluk tan darbe srana sajumput | yèn pinurba mênang pasthi | iya kalêksanan unggul | anggêr wani sêtya eling | kumandêl wisesèng pandom ||

33. Ing saèstu pinayungan rèh rahayu | marma pikirên kang êning | atmajendra nêmbah (n)dhêku | sumêne ngênthêlkên budi | linilan mundur wotsinom ||

34. Sang aprabu wawarta mring garwa wadu | patêmbayaning raka ji | putra binobotan kewuh | ing mangyamangkya. lagya pinikir | kang garwa suka katongton ||

35. Nahan gantya Radyan Citrasena wau | saundurnya lajêng manjing | ma-astuti§ Prayoginipun / mangastuti /. ing dewagung | amêrês êninging budi | budaya tekating punton ||

36. Sangêt limut sakêclapan tyas kumênyut | wasana kasêlan lali | kalimput ing hawanêpsu | mangkana tandya nimbali | ingkang rayi sang lir sinom ||

37. Citrawati sapraptaning ngarsanipun | winartanan rèh karsa ji | kang rayi myarsa rawat luh | mêlas asih anyungkêmi | kêdah tutwuri sang anom ||

38. Rangu-rangu narpatmaja têmah limut | kang rayi sinambut maring | maderaras mêdhar kayun | brêmara angingsêp sari | ing antara dasih wadon ||

--- 3 : 100 ---

39. wontên ingkang uninga ing tingkahipun | gupuh amunjuk sang aji | kagyat têmah asru bêndu | jaja bang mawinga wêngis | têdhak panti putra katong ||

40. Sarwi musthi sang sudibya karsanipun | mrih lenaning narpasiwi | samana rahadyan sampun | wikan têdhaking ramaji | tyas gugup lumajêng lolos ||

41. Lawan ingkang rayi risang rêtnaningrum | nata uninga nututi | ambujêng palajêngipun | sang Dèwi antuk pambudi | malbèng urung-urung miyos ||

42. Praptèng jawi nginthar tan atolèh pungkur | radyan kapêngkok capuri | cakêt lan butulan kidul | malumpat praptèng ing jawi | tan tolèh praja lunga non ||

43. Karsaning Hyang datan nunggil lampahipun | rahadyan lawan kang rayi | mangilèn lawan mangidul | yata risang narapati | hardaning runtik gya miyos ||

44. Praptèng (n)jawi animbali patihipun | winangsit sakèhing wadi | myang kinèn amatah wadu | ngulati sang narpawisi | yèn kapanggya sak (ng)gon-ênggon ||

45. Kacêkêla bangga kalilan linampus | lawan kinèn angulati | kesahe kusumaningrum | bilih kapanggih karsaji | kinèn wangsul mring kadhaton ||

46. Sadosanya ingaksama linalimput | manêmbah rêkyana patih | ngungun lèngsèr ngarsa prabu | wus matah punggawa mantri | sri narendra angadhaton ||

47. Pramèswari winartan laksanèng sunu | tistis margiyuh wiyati§ Prayoginipun / wiyadi / = sêdhih. | de katri atmajanipun | mangkya wus wisata sami | mangkana tyasnya sang katong ||

48. Kararantan wimbaning barubah bangun | kèngêtan atmaja nguni | Dyan Damarmaya puniku | manawi sagêt pinanggih | kêni sinrayèng palugon ||

49. Ing wasana raosing tyas sang aprabu | dahat merang mring rakaji | cidraning atur panuwun | saking kawilêt rudatin | mrês budi

--- 3 : 101 ---

sidaning pandon ||

50. Wanci titi sonya nis saking kadhatun | nglugas kaprabon narpati | mung kadi caraning wiku | ing karsa arsa ngulati | dyan Damarmaya kang andon ||

51. Wirandhungan laksanèng sopana nêmpuh | nasak wana jurang trêbis | prapta anggranirèng gunung | palawangan rêrêm mangkin | mindêng mursita sang katong ||

52. Amiminta wasitaning jawata gung | mugi sagêda kapanggih | dyan Damarmaya ing dangu | sanityasa sru sêmadi | tumuntu êninging panon ||

53. Apaparab Manikhara mahawiku | mahas ngasêpi pribadi | angkara murka kalimput | nahan gantya kang winarni | sang rêtna lampahnya Gamboh ||

199. Gambuh

1. Dyah Citrawati nglangut | krêkating tyas ngulati sang bagus | myarsa warta yèn wontên pandhita luwih | mahas palawangan gunung | sang dyah lumaksana gupoh ||

2. Sêdyanira ing kalbu | muhung tanya kadang dunungipun | sigra minggah kapirangu praptèng nginggil | laju marêk mahawiku | makidhupuh awotsinom ||

3. Pindha wiku kumêpyur | karsaning Hyang sakaliye pandung | dupi miyat wanudya yu ingkang prapti | kongas rarasing karsa kung | subrata wigar anglamong ||

4. Nambrama manis arum | tigas kawuryan kang nêmbe rawuh | saking pundi pinangka myang sêdyèng kapti | sintên sinambating arum | sumêngka prapta ing dhepok ||

5. Dyah kumbi nêmbah matur | amba datan darbe nama èstu | sangkan paran lir kleyang katiyup angin | tambuh puwaraning kalbu | anut sir ingkang linakon ||

6. Maharsi duk angrungu | lir jinait dahat sukèng kalbu | angandika pasajan bae wong manis | yèn sambada tyas asarju | utaminira masingong ||

--- 3 : 102 ---

7. Rêrêma dhepokingsun | jumênênga tatimbanganulun | dyah tumungkul manêmbah sumanggèng kapti | inggaling crita wus dhaup | nir subasita karongron ||

8. Sinung nama sang ayu | Endhang Panêpi tansah monglulut | rêrèntèngan lir mintuna lawan mimi | sing ênêng puja kapungkur | mung monglulut nora êpot ||

9. Labêtira sinêngkut | têmah wawrat dungkap mangsanipun | sangang candra sang wiku tatanya yêkti | asal-usule ing dangu | Endhang Panêpi wotsinom ||

10. Dhuh gurulakiulun | saèstune putrine sang prabu | ing Salêmbi Dipanata narapati | Citrawati nama ulun | kapitèng tyas wiku katong ||

11. Jrih têbah dhadha ngadhuh | nora nyana babo raganingsun | lamun tampa babênduning Hyang Linuwih | Citrawati nêmbah matur | paran kang dados rudatos ||

12. Wiku ngling arawat luh | dahat eloking lalakoningsun | salugune manira ramanta nini | Prabu Dipanata ingsun | ing Salêmbi prajaningong ||

13. Sru kagyat sang dyah ayu | sanalika èngêt tan kalimput | gêtun wirang anjrit nungkêmi rama ji | wusing lilih ing pamuwun | kang rama ngandika alon ||

14. Èh nini putraningsun | puluh-puluh nalar wus kabanjur | padha tampa babênduning Hyang Linuwih | ora luwih amung mlupuh | minta aksamaning Manon ||

15. Dupi ing wanci dalu | sang awiku murut saking gunung | kondur maring praja kang putra tan uning | enjinge rama rinuruh | èstu lolos saking dhepok ||

16. Inggal dènnya tumurun | lampahira praptèng sirahipun | lèpèn Opak sang dyah kandhêg angalêntrih | karaos wawratanipun | sigêg gantya kacarios ||

17. Nahên ta lampahipun | Radèn Citrasena kang anglangut | saking praja kalunta-lunta prihatin | tambuh kang sinêdyèng kalbu | prapta Ngenta-enta dhukoh ||

--- 3 : 103 ---

18. Nuju wismaning Buyut | Tularsiram kagyat narpasunu | non wanodya yayah atmajèng narpati | radyan malbèng wisma Buyut | Tularsiram gupoh-gupoh ||

19. Angancarani tamu | matur pinangka sinêdyèng kalbu | miwah nama radyan pasaja mangsuli | Radèn Citrasena ingsun | atmaja Salêmbi katong ||

20. Kaki tatanya ingsun | sapa baya paparabirèku | lawan mau ingsun miyat rara adi | nèng memeyan gya lumêbu | apa atmajamu wadon ||

21. Mèsêm Ki Buyut matur | amba nama Tularsiram Buyut | lare èstri wau kang lumêbèng panti | punika ran Rara Budhur | saèstu wêkamba wadon ||

22. Ngling malih sang bagus |Kurang satu suku kata: Ngling malih sang abagus. lah ta kaki yèn sambadèng kalbu | sutanira sunpundhut dadya suwami | Ki Buyut dupi angrungu | pangandikane sang anom ||

23. Langkung pirênèng kalbu | karananya ni Budhur satuhu | warni awon nanging sangkanira alit | sinidhikara mantrèku | kasmaran kang samya anon ||

24. Ènggale sampun dhaup | kinurmatan ing sapantêsipun | ing wasana nyi Budhur datan nyondhongi | sabên pinarpêkan murut | sarwi angujari awon ||

25. Langkung merang sang bagus | ri saksana anglês saking dhukuh | lampahira praptèng Tarayêm pinanggih | Buyut Kasimpar rannipun | rahadyan tinanya alon ||

26. Nama myang sêdyanipun | walèh lamun atmajèng sang prabu | ing Salêmbi Citrasena aranmami | Kasimpar urmat kalangkung | angèdi-èdi sumugoh ||

27. Sadangunira lungguh | Buyut mawas suluhing kang sêmu | wus kawuryan rahadyan sêmu prihatin | lon matur dhuh narpasunu | mugi aywa walangatos ||

28. Paran darunanipun | de kawuryan sru sungkawèng kalbu | radyan angling lamun tinampik pawèstri | Kyai Buyut manthuk-manthuk | yèn mung makatên kemawon ||

--- 3 : 104 ---

29. Ngong atur srananipun | nanging warni gana rewandèku | yèn ingagêm lajêng warni kêthèk putih | rinuwat wangsul lir wau | ing salêbêtipun dados ||

30. Wanara warni pingul | sadhengah kang miyat sru kayungyun | mung punika sarana sumanggèng kapti | radyan kewran dahat giyuh | drênging karsa têmah nêmpoh ||

31. Buyut Simparan§ Prayoginipun / Kasimpar / kados ingkang kasbut pada 25 lan 26 ing ngajeng. mundur | amet srana sinaoskên gupuh | saha matur benjang sarampunging kardi | srana kaparingna wangsul | punika pupundhèningong ||

32. Ing nguni bapaulun | nama Rêsi Jêmbawan pinunjul | kala obong awu mawujud puniki | dadya sarana sih-lulut | radyan sung wangsulan sagoh ||

33. Gana ingagêm sampun | warni kêthèk pingul nulya wangsul | maring Ngenta-enta (n)jujug sêndhang wêning | kang garwa nuju nèng ranu | glundhung sêmprong aciciblon ||

34. Dupi myat kêthèk pingul | gugup mêntas busana rinasuk | gandrung-gandrung kapirangu sru makingkin | pinarpêkan kêthèk lulut | binêkta mring wisma gupoh ||

35. Sabên ing wanci dalu | tansah dènnya krasikan monglulut | atut runtut sacara-caraning jalmi | dadya wawrat Rara Budhur | Kyai Buyut dupi anon ||

36. Dahat merang sru bêndu | Rara Budhur lawan kêthèk pingul | kinèn kesah kalihe sarêng lumaris | praptèng madyaning wana gung | ngaup sor mandira ngayom ||

37. Dumugi samayasamana. wus | (m)babar jalu warni kapi pingul | Rara Budhur konduran tan uning siwi | prananing radyan sumêmprung | wangsul sipat bagus anom ||

38. Citrasena satuhu | ngunguning tyas sru merang gagêtun | dyan tinilar lêpas lampahira prapti | têpi Opak sirah pangguh | lawan kadangira wadon ||

--- 3 : 105 ---

39. Citrawati rinangkul | nêng-onêngan wartan-winartan wus | lalakoning sarira praptèng (ng)garbini | yèn mangkono (n)jêng rama wus | nandhang pawêlèhing Manon ||

40. Yayi upama ingsun | mulih marang praja lan sirèku | pasthi ilang dukane (n)jêng rama aji | antuk aksama satuhu | Jurudêmung wong aloro ||

200. Jurudêmung

1. Dangu onêng-onêngan | sakaliyan rajasunu | sang dyah mêtêg dènnira yun | anglairakên wawratan | wus ambabar mijil jalu | gêng panjang warniawarna. rasêksa | lena konduran sang ayu ||

2. Rahadyan rudah ing nala | kadya pêcat jiwanipun | ing kali Opak jumêgur | banjir bandhang ranpatanpa. sangkan | ngêlêbi dharatanipun | layon dyah binêkta toya | rahadyan (ng)garagap gugup ||

3. Jabangbayi wus binêkta | ngili marang ing pupunthuk | apan binarsihan sampun | ki jabang tansah amular | radyan ngunandikèng kalbu | sapa baya nusonana | marang bayi warna diyu ||

4. Robing toya gya binêkta | mring têpining lèpèn wau | kinokopakên ing ranu | dangu dènnya ngokop toya | mèh sat isining kang ranu | nora kêmba panginumnya | anulya sinêndhal gupuh ||

5. Katêlah têkèng samangkya | Opak alit ilinipun | ki jabang sinung jujuluk | nênggih Kaladrêmbamoha | Darmamoha parabipun | rahadyan èngêt putranya | kênyung tinilar wana gung ||

6. Pinurugan gya binêkta | sampun sinungan jujuluk | Barabudha Kapi-pingul | tinunggilkên DarmamobaDarmamoha. | pinarnah têpining ranu | kalihe tinilar mentar | kundur marang prajanipun ||

7. Sapungkurira rahadyan | wontên danawèstri agung | nama Witrita puniku | datan têbih dhangkanira | lan kali Opak panuju | sêdyarsa mangambil toya | uning jabang kalih wau ||

--- 3 : 106 ---

8. Mawa ciri namanira | ri saksana dyan sinambut | binêkta mring dhangkanipun | sukèng tyas ingambil suta | dhasare tan darbe sunu | lakine uwis palastra | kêna arahan§ Prayoginipun / aradan / = sêsakit. duk nglurug ||

9. Ginamatèn§ Prayoginipun / ginumatèn / saking gumati. kalihira | sih trêsnanira kalangkung | kadya wêkanya satuhu | kalihe sampun walagang | timbang sih trêsna mring biyung | samya bisa tatajalma | nama gantya kang winuwus ||

10. Nagara ing Parambanan | kyatingrat sang yaksaprabu | Kala Karungkala nuju | lênggah ing made-wangunan | patih Tubar kang nèng ngayun | dinangu paran kang dadya | sanggan laladosanipun ||

11. Dhahar êmbêg-êmbêg jalma | kyana patih nêmbah matur | dhuh gusti saèstunipun | ngupados jalma wus têlas | ênèm sêpuh sêpên sampun | yaksendra rêngu miyarsa | kya patih wrin sêmu matur ||

12. Kalamun panudyèng karsa | sudarmamba badhe katur | sang Sêkalima awiku | konjuk dadya laladosan | yaksaprabu sukèng kalbu | nanging pakèwêt rèh prênah | paman lan sudarmanipun ||

13. Kya patih yèn têmbenira | karya tyas sandeyèng wadu | dadya ngandika sang prabu | yèn si paman kang lumadya | lah dhawuhana rumuhun | têmbaya cangkrimaningwang | galih asêm gilig lurus ||

14. Êndi bongkot lan pucuknya | kalawan panitikipun | êmprit wadon lawan jalu | yèn tan bisa mardènana | paman pasthi dakkalêthuk | [...] |Kurang satu baris: 8a. [...] ||Kurang satu baris: 8u.

15. Patih nêmbah mundur mentar | ing margi datan winuwus | praptèng Samapura dhukuh | wus panggih lawan kang rama | matur purwa wasanèku | saha (n)dhawuhkên timbalan | -nira risang Yaksaprabu ||

--- 3 : 107 ---

16. Sang tapa mèsêm ngandika | galih asêm iku kulup | mètên têngah bênêripun | katrajuwa êndi ingkang | ènthèng iya iku pucuk | ingkang abot bongkotira | paksi êmprit panitikipun ||Lebih satu suku kata: paksi mprit panitikipun.

17. Kupinge sogokên êlar | kang bolong èstri satuhu | ingkang lanang pasthi buntu | wis kulup sira matura | mangkono pambatangingsun | patih Tubar wus umêsat | praptèng ngarsanira prabu ||

18. Nêmbah mature dinuta |§ Prayoginipun / nembah matur rèh dinuta /. sang yaksendra sukèng kalbu | gya mundhut galih asêm lus | lan êmprit kakalih nulya | linaksanan ing satuduh | tètès nora ana limpang | yaksendra kalangkung ngungun ||

19. Nulya paring undhang-undhang | lamun sudarma wis sêpuh | tan linilan lamun katur | dadya dhahare sang nata | kasaru ing praptanipun | ditya kalih kang dinuta | mring Pêngging bun-êbun esuk ||

20. Nêmbah wus matur sadaya | dhawuhipun sang ngaulun | Karungkala langkung bêndu | têmah dadya salin cipta | tan arsa sumiwi purun | tumêka ing yudabrata | dhawuh patih kinèn nglurug ||

21. Ngrabasèng ing Pêngging praja | sapalih wadya kang tumut | sapalih têngga kadhatun | budhal wadya Parambanan | tan cinatur lampahipun | prapta tampinganing praja | wus karya tatarub agung ||

22. Sigêg gantya kang winarna | ri sang Endranata Prabu | Madyapanjang sampun rawuh | panggih lan raka pandhita | ngaturkên timbalan prabu | sang tapa alon lingira | lah matura yayi prabu ||

23. Samêngko karsaning dewa | durung rinilan wakingsun | ya titinjo yayi prabu | mung asung gambar kewala | ênya pariksanên gupuh | gambar tinampèn binabar | Pêngging kawuryan kinêpung ||

--- 3 : 108 ---

24. Parangmuka gêng (m)bêg krura | wus kawangwang jangkanipun | barang rèh laksitanipun | kabèh kamot jroning gambar | mangkana wasing pandulu | langkung kagyat Endranata | sarira nêmahi lampus ||

25. Nèng madyaning ngadilaga | sakala nglês amalat kung | kapitèng tyas sru matrênyuh | sang nata nulya ngandika | mring ari karya panglipur | aruming sabda mrih lêjar | dhuh kadangku yayi prabu ||

26. Tanpa wêkas yèn rinasa | dènsantosa tyasirèku | kumanbangkumambang. karsa Hyang Agung | dhuh yayi prabu wruhanta | utama-utamèng lampus | iku lena nèng palagan | minulya manggih swarga gung ||

27. Kalawan sajatinira | tan ana lara myang lampus | mung urip ananirèku | kang rayi nulya winêjang | kamuksan sampurnanipun | anjing suruping palastra | mangkana kang tampi dhawuh ||

28. Karêgêm wahya§ Prayoginipun / wahyu /. jatmika | kawuryan lêjaring kalbu | sirna was sandeyèng kalbu | enjang mit wangsul mring praja | wus linilan praptanipun | ing Pêngging marêk ing raka | matur sarèhing dènutus ||

29. Purwa praptèng wasana |Kurang satu suku kata: Purwa praptaning wasana. myang ngaturkên gambar luhung | paringe raka sang wiku | natèng Pêngging duk miyatsamiyarsa. | ngungun kapitèng ing kalbu | punang gambar gya binabar | kawuryan ingkang winahyu ||

30. Kang nyirnakkên satru-tama | satriya-di anom bagus | Damarmaya wastanipun | nuntên dhawuh mring apatya | ngulati kongsi katêmu | kya patih nêmbah sandika | mundur saking ngarsa prabu ||

31. Endranata wus linilan | mundur marang prajanipun | praptèng praja tampi atur | mêngsah yaksa mrêpêg praja | tur uning mring yaksaprabu | tampi dhawuh magut ing prang | sri dimara agul-agul ||

--- 3 : 109 ---

32. Inggaling criyos têmpuh prang | mêngsah rowang kathah lampus | Endranata magut pupuh | tandhing lawan patih Tubar | samya wiratamèng kewuh | rame ngêtog pangabaran | kasor Endranata Prabu ||

33. Lena madyèng rananggana | sampurna kunarpanipun | gara-gara rèh gumuruh | sasirnanira sang nata | wadya sisaning kang lampus | golong lumayu mring praja | tur uning ring sang prabu ||Kurang satu suku kata: tur uning ring sang aprabu.

34. Sri Pêngging dahat sungkawa | dhawuh pajêg§ Prayoginipun / pacak /. barisipun | mêngsah ingkang jayèng pupuh | suka-suka masanggrahan | gantya wau kang winuwus | lampahipun kyana patya | Kartadarma angêlangut ||

35. Praptèng Prangtritis têpinya | samodra kidul gya (n)dulu | jalma subrata nom bagus | pinarpêkan praptèng ngarsa | wus bage-binage gupuh | sajarwa kakalihira | lêga tyase sang nindya nung ||

36. Rampung (n)dhawuhkên timbalan | sang tapa panudyèng kalbu | gagancangan lampahipun | sapraptaning Pêngging praja | laju tumamèng kadhatun | wus parêk byantarèng nata | sang prabu tatanya arum ||

37. Kawijilan miwah nama | kang tinanya nêmbah matur | Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya / kados ing ngajêng. namaulun | atmaja Sri Dipanata | purwa wasana wus katur | Sri Pêngging sru sukèng driya | sirèku pulunaningsun ||

38. Èh ta patih Kartadarma | yayi Slêmbi sungana wruh | patih nêmbah alon matur | pun patik mirêng pawarta | rinta Dipanata Prabu | mangkya murca saking praja | kagyat miyarsa sang prabu ||

39. Pangudasmaraning driya | paran ta darunanipun | karanta rêntênging kalbu | ri kalih lena myang murca | têmah muntap krodhanipun | undhang arsa mijil ing prang | rahadyan mambêng kalangkung ||

40. Matur anungkêmi pada | sagah nyirnakakên rupi | sang prabu lilih tyasipun | dhawuh mring rêkyana patya | matah wadya kanthinipun |

--- 3 : 110 ---

putra Radyan Damarmaya | sandika bubaran mundur ||

41. Tan cinatur samêktanya | enjinge budhal gumuruh | wus têmpuk kalawan mungsuh | rame dènnya bandayuda | Damarmaya ngamuk punggung | wadya Prambanan kèh pêjah | sakarine samya mirut ||

42. Patih Tubar duk tumingal | wadyanira kathah lampus | sru krodha wadya manêmpuh | jaja kataman warastra | tan tumama nanging ambruk | rinêbut wus ginotongan | nulya ingundurkên gupuh ||

43. Binêkta mring Parambanan | wadya Pêngging nglut sapurug | praptèng watêsing praja gung | kèndêl ing pangungsirira | wangsul mring barisanipun | mangkana kang nandhang brana | binêkta mring jro kadhatun ||

44. Katur ing sang yaksaraja | mawinga-winga sru-bêndu | nimbali Sakèli wiku | wawarti kasor ing rana | sang aprabu arsa magut | pinambêng nyarantosêna | benjing kewala kalamun ||

45. Tubar patih wus waluya | ulun bêkta maring gunung | sang prabu panudyèng kalbu | bubaran patih binêkta | gantya wau kang winuwus | kang jayèng prang ing payudan | utusan mring Pêngging matur ||

46. Yèn parangmuka wus sirna | rahadyan cumadhong dhawuh | nanging tan kalilan laju | tinimbalan marang praja | barising Pêngging wus mundur | praptèng byantara narendra | katur solahing ngapupuh ||

47. Sang prabu Pêngging sru suka | pra wadya kang jayèng pupuh | ginanjar sadayanipun | arta kalawan busana | tantara lami sang bagus | karsane uwa sri nata | dhinaupkên lan sang ngayu ||

48. Rarênggan datan winarna | dyan Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya / kados ing ngajêng. wus atut | lèngkèt lumêkêt lir pulut | nutug dènnya mong-asmara | wus (ng)garbini rêtnaning rum | suka amarwata-suta | Durma salinne kang pupuh ||

--- 3 : 111 ---

201. Durma

1. Sang aprabu Pêngging tinangkil lir saban | andhèr wadya sumiwi | dhawuh mring apatya | benjing purnamasidya | dyan Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya /. tinuding | (ng)gêcak Prambanan | dadya manggalèng jurit ||

2. Kanthi para wadya raja mancapraja | sandika kang sinung ling | bibaring sewaka | Rahadyan Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya /. | wawarti mring garwanèki | dyah Rarasatya | margiyuh tyasnya rujit ||

3. Rèhning lagya wawrat sêpuh mèh andungkap | laire jabangbayi | nulya na suwara | lamat-lamat kapyarsa | sasanti èh Rarasati | kawruhanira | kang sira kandhut nini ||

4. Têmbe mijil jalu poma arannana | Jaka Bandung sayêkti | benjing kang kawasa | ambêdhah ing Prambanan | nênging swara matur aris | marang ing garwa | langkung sukaning galih ||

5. Nanging sandeyaning tyas saèstunira | têmbe paguting jurit | pan durung diwasa | mangka ngadoni yuda | dadya pasrah ing Hyang Widdhi | ngandikèng garwa | dhuh yayi sun mamêling ||

6. Têmbe lamun rahayu lair putranta | yèn ingsun durung mulih | kalamun tatanya | marang sariraningwang | ywa wêca yèn mangunjurit | awatna dagang | sandika kang sinung ling ||

7. Ri purnamasiddhi wadya wus ngalêmpak | kang ayun magut jurit | maring Parambanan | budhal saking ing praja | gumuruh swaraning baris | Dyan Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya /. | kang mangka senapati ||

8. Lampahira wadya Pêngging sampun prapta | kikising praja ngrakit | ri kang masanggrahan | rèrèh sagunging wadya | jalma padesan ngoncati | abilulungan | kang bangga dènpatèni ||

9. Kauningan patih Tubar gya mangarsa | matur raksasa aji | kapitèng tyas nata | langkung ngungun ing driya | dene kadhinginan mangkin | wit karsanira | ayun lumurug malih ||

10. Ri saksana kinèn dhawuh nimbalana | sang Sakèli Baèksi | lan miranti ing prang | mêsat ingkang dinuta | wus panggih rêsi kakalih | caraka sigra | (n)dhawuhkên sabdèng aji ||

--- 3 : 112 ---

11. Sang awiku sakaliyan nulya mangkat | sarêng carakèng ngaji | sapraptaning pura | wus panggih yaksaraja | dhawuh miluta mèt pamrih | lumunturing tyas | nambak mungsuh kang prapti ||

12. Sang Sakèli lan Baèksi matur sagah | lêga tyase sang aji | dalu lêrêp pura | enjinge dwijawara | nèng jawining baluwarti | masang kamayan | sakèhing kang kumêlip ||

13. Gagrêmêtan kutu walang sato kewan | sadhengah nyawa sami | cinipta dumadya | manungsa lan rêksasa | sangkêp sagêgamannèki | ngumpul tutwuntat | baris jawining nagri ||

14. Saya ngangsêg dupi pêrak gyanning mêngsah | ditya gora sabda ngrik | kagyat para wadya | ing Pêngging gya samêkta | ngrakit gêlaring ajurit | ayun-ayunan | rame têmpuhing jurit ||

15. Prabawaning kamayan wadya Prambanan | yèn satus kang ngêmasi | rongatus kang prapta | tan suda malah wêwah | wangwang punggawa ing Pêngging | kawêkèn dahat | dènnira mangsah jurit ||

16. Dadya tansah aris guguran kewala | tanpa wêkas kang jurit | sigêg kang ngayuda | ginantyan kang carita | jro pura nagari Pêngging | dènnira wawrat | kusuma Rarasati ||

17. Praptèng wanci samayasamana. ambabar priya | dhe-gus angrêspatèni | wus sinungan nama | nêtêpi ing wasita | Dyan Bandung kinudang murti | kalis ing lara | gantya winarna malih ||

18. nênggih lampahira wiku Manikara | wus prapta ing Salêmbi | panggih lawan garwa | warta putra tan panggya | tan antara nulya prapti | Dyan Citrasena | ramèbu sukèng galih ||

19. Ingaturan Sri Prabu Dipanata |Kurang satu suku kata: Ingaturan Sang Sri Prabu Dipanata. sowan marang ing Pêngging | kalawan kang putra | prapta nuju sewaka | Sri Pêngging sukanya ngênting | tanya dènnira | wisata ngikis ratri ||

20. Ingkang datan piningit katur sadaya | suka sukuring aji | gantya sung pawarta | lenanya Sri Dimara | kasambut madyaning jurit | kunarpa sirna | katuju mangkya manggih ||

21. Kaponakan nama Radyan Damarmaya | kang bisa (m)bengkas kardi | winêdhar sadaya | suka arawat waspa | luwaran dènnira nangkil | ari binêkta | Wirangrong manjing puri ||

--- 3 : 113 ---

202. Wirangrong

1. Praptaning puri pinanggih | lan putra mantu sang sinom | tuwin ingkang wayah Jaka Bandung | suka Sri Salêmbi | nanging netyasmu waspa | wuryaning taksih yoga ||Kurang satu suku kata: wuryaning kang taksih yoga.

2. Kang raka tumingal nanging | tan dugi kang dadya wirong | têmah ris tatanya yayi Prabu | ing panyawangmami | èsmu prihatin dahat | paran kang dadya daruna ||

3. Nêmbah matur amung margi | katongton kang sampun layon | yayi Endranata lenèng pupuh | sang prabu ing Pêngging | tyas dèrèng anarimah | taksih ngudi ing patanya ||

4. Kang rayi tumungkul sarwi | tarocosan mawêtu loh | dadakan pamanggya manawa yun | andarbèni kapti | ananging tan kawêdal | pakolèhing kang atmaja ||

5. Kang raka ngandika malih | ywa sandeya tyas rudatos | marang putranira kaki mantu | ing pangêbang mami | sabêdhahing Prambanan | nuli ngong dêgakên nata ||

6. Gumantiya jênêngmami | margi pira sutaningong | amung siji mantumu pan wus tamtu |Lebih satu suku kata: mung siji mantumu pan wus tamtu. kang majibi Pêngging | lan kulup Damarmaya | kang rayi nêmbah turira ||

7. Kang botên-botên kaka-ji | sanajan sèlèh kaprabon | ingkang (n)darbèni namung kok§ Prayoginipun / (m)bok mantu / = Rarasati, putrinipun Sri Pengging. mantu | dêstun mung ngêmbani | dene duhkita-amba | ulun matur sajatinya ||

8. Margi saking mudha pingging | dèrèng wrin lampahnya yêktos | prakawising gêsang paminipun | pidananing jalmi | ngramuhi sutanira | yayi agampang kewala ||

9. Dinulang dhêdhak lan tai | winadhahan anèng bathok | kang rayi tumungkul karya limut | ing warana amrih | wadi ywa kawadaka | mangkana sri nata wrêddha ||

10. Tansah kagagas punapi | patanya kang dadya êros | nulya nimbali Citrasenèku | sinungan jêmparing | sang Prabu Dipanata | saya giyuh tyas barubah ||

11. Raka ginalih udani | sawadine kang lêlakon | matur nyuwun lilah [li...]

--- 3 : 114 ---

[...lah] yun mawiku | sèlèh kaprabon mring | Rahadyan Citrasena | yayi ngong mangayubagya ||

12. Kathah sabdaning raka ji | tuhu tan wrin wadi yêktos | nanging tinampènan sampun gathuk | kêcut èsêmnèki | nulya pamit mring raka | kundur mring Salêmbi praja ||

13. Sapraptanira ing puri | wawarti sori samêngko | kulup Citrasena ingsun-junjung | madêg narapati | lawan idining uwa | narèswara tyas mawarta ||§ Prayoginipun / marwata /.

14. Wus mupakat wong sanagri | nanging Dinapata katong | ratri gung udrasa dupi bangun | ngandika mring sori | arsa marêk ing raka | raja wiku Dewabrata ||

15. Garwa jumurung basuki | saksana tindak sang katong | praptèng Madyapanjang tanpa wadu | kang raka marêngi | ababad-babad wana | lajêng sumusul ing raka ||

16. Wus panggih tinanya aris | apa ingutus ri-ningong | lan rakanta prabu nêmbah matur | tan ingutus patik | prêlu laksitaningwang | arsa ngêmpal ing paduka ||

17. Ulun wus magawan mangkin | putranta kang madêg katong | sang wiku karênan ngandika rum | muga yayi aji | Sang Hyang Jagad Pratingkah | ngapura sagung dosanta ||

18. Kagyat kang rayi miyarsi | lêgêg osikirèng batos | baya uwus wikan kakang wiku | ing wiyogamami | satêmah matur nêmbah | angsala idi paduka ||

19. Kang raka mèsêm dumadi | katatangi walangatos | dyan matur kang dadya ukumipun | angranuhi§ Prayoginipun / anggranuhi / = motha-motha. siwi | sang wiku angandika | nêtêpi anggêring praja ||

20. Dinulang dhêdhak myang tai | cinarub ana ing bathok | kapirangu amit raka gupuh | ayun maring kali | ninilap wus umentar | praptèng têpining narmada ||

21. Ngupaya panggonan wêrit | wontên witing kusambi yom | curiga dènunus ingugêr wus | rinungkêban aglis | jaja trus ing walikat | Dipanata wus palastra ||

--- 3 : 115 ---

22. Sang wiku dangu ngêntosi | nulya ingupados gupuh§ Prayoginipun / gupoh /. | kang panggih wus lina tyas matrênyuh | layon dènrungkêbi | [...] |Kurang satu baris: 7a. binêkta maring sanggrahan ||

23. Para wadu yun ngrakêti | dadakan kang lèpèn êrob | layon kanyut sirna tan kadulu | lêgêg sang maharsi | lalayu marang praja | Salêmbi myang Dwarawatya ||

24. Wus katur sang natèng Pêngging | dahat ngungun sru prihatos | nahan kang mring praja Salêmbi wus | katur Sri Salêmbi | gya matur ibunira | pramèswari (n)jrit karuna ||

25. Arsa wrin lêkasing nguni | kang putra (n)dhèrèk rumojong | samêkta gya budhal lawan sagung | dyah sajroning puri | prapta dhepoking raka | linipur ing bojakrama ||

26. Nyuwun lilah yun udani | tilasing panganyut-tuwoh | linilan wus mentar dupi rawuh | katonton garwaji | sang dyah dyan suduk jiwa | pra sêlir bela sadaya ||

27. Layon ayun dènkukupi | kanang lèpèn toyanya roprob. | wus kanyut ing toya sadayèku | sigêg tan winarni | kang samya gung sungkawa | gantya ingkang winursita ||

28. Wus sawarsa wadya Pêngging | ngêpung Parambanan kraton | awit malih yuda sru magrêgut | long-linongan sami | kathah prawira lena | aprang ngantos gangsal warsa ||

29. Kèndêl dènnira ajurit | kocap ing Pêngging sang katong | lagya katamuwan raka wiku | Dewabrata Rêsi | sawusnya sinambrama | rêmbag sakecaning lampah ||

30. Amukul (n)dadraning wèri | mungsuh Parambanan Galoh | Bali lan Madura salah satu | pundi kang pinêndir | matur ing Parambanan | gya nimbali Citrasena ||

31. Nata mudha ing Salêmbi | sapraptane ngarsa katong | tandya dhinawuhan kinèn (m)bantu | mring Prambanan nagri | dhawuh ngantêp ngayuda | pamunahing satru dibya ||

32. Sri Salêmbi nêmbah amit | saking Pêngging lajêng bodhol | praptèng Parambanan wus atêmu | raka senapati | Rahadèn

--- 3 : 116 ---

Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya / kados ing ngajêng. | winartan sedaning rama ||

33. Lawan ibu pramèswari | Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya / kados ing ngajêng. arawat loh | dene tan uninga sedanipun | pinupus ing pasthi | sang Prabu Citrasena | (n)dhawuhkên dhawuhing uwa ||

34. Saksana sasmitèng dasih | ngantêp ing prang ararêmpon | pagut ing ngayuda tan winuwus | risak wadya Pêngging | Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya / kados ing ngajêng. amrês budya | ari kinèn among bala ||

35. Rahadyan wisatèng ratri | ing Parangtritis wus rawoh | ngêningakên puja sru manêkung | ungguling ngajurit | bêdhah prajèng Parambanan | panyuwune katarima ||

36. Ganda arum lumrang minging | gara-gara sru gumuroh | paringing jawata kang tumurun | sara Cundhamani | mawa praba prabawa | rahadyan mudhar sêmadya ||

37. Nêmbah nyandhak Cundhamani | wangsul mring palagan gupoh | pinanggih ri nata winartan wus | sasmitèng wadya glis | mêkasi ing ngayuda | wus rinakit gêlar Byuha ||

38. Adan têmpuhing ngajurit | rah mili lir samodra roprob. | Radèn Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya / kados ing ngajêng. sasmita wus | sakèh wadya Pêngging | kinèn nisih sadaya | Cundhamani wus pinudya ||

39. Winursita cipta-êning | mijil dahana karyèlok | mubal ngalad-alad gêng sagunung | rumarah patitis | marwasèng mêngsah harda | wadya cipta wus syuh sirna ||

40. Rêsi kalih sru malêncing | pra wadya Prambanan losoh | kang gêsang lumayu mring kitha wus | gusis mêngsah ngisis | Rahadyan Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya / kados ing ngajêng. | suka sukur ing jawata ||

41. Prabawaning Cundhamani | anulya binirat alon | Prabu Karungkala duk angrungu | tiwasing wadya ji | bramantya mêngsah krura | tanpa kanthi lir Hyang Kala ||

203. Kinanthi

1. Wadya Pêngging larut mirut | katgadèng tyas Sri Salêmbi | rame têmpuhing ngayuda | liru prabawa mawanti | datan ana kang kasoran | Radyan Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya / kados ing ngajêng. aglis ||

--- 3 : 117 ---

2. Cundhamani pinusthi wus | lumêpas saingga thathit | dityaprabu wus kataman | jangga pagas tan mindhoni | angga rêbah bumi molah | riwut pancawara tarik ||

3. Plêsating sirah dhumawuh | madyaning duksina tasik | atma mêsat mawa cahya | nukma wêkaning Panêpi | ditya mudha Darmamoha | wadya Prambanan sru miris ||

4. Nahên ta ingkang winuwus | kang anèng sajroning puri | kadange sang dityaraja | warna yu manis mrakati | wus diwasa lir wranggana | Rara Jonggrang awawangi ||

5. Myarsa yèn raka sang prabu | kasambut madyaning jurit | ubêking tyas kararantan | tambuh-tambuh solahnèki | saksana nulya wisata | pribadi dènnira mijil ||

6. Lawanging kutha tinutup | tinêtêkan sadayèki | sang jayèng prang ngluting mêngsah | kanggêg datan antuk margi | kèndêl (n)jawining wiwara | pacak baris ngêpung puri ||

7. Lêpas lampahe sang ngayu | murang marga waspa mijil | kèndêl satêpining Opak | miminta dewa linuwih | myarsa swaraning kang raka | dhuh yayi ywa gung prihatin ||

8. Pituhunên ujaringsun | banjur lumakuwa maring | desa Marta manggihana | ditya mudha Darmamoha | ing kono panuksmaningwang | pilutanên lunturing sih ||

9. Sira jalukana tulung | lêjar tyasira sang putri | mahawan mring desa Marta | wus panggih lan danawèstri | wil Witrita sang dyah tanya | lah ing ngêndi (ng)gonnirèki ||

10. Ditya Darmamoha iku | kang tinanya matur aris | punika atmaja kula | kang anèm warni rasêksi | kang sêpuh warni wanara | pêthak Barabudha nami ||

11. Samya tarakbrata gêntur | nèng tlaga Muncar martapi | wus samyantuk sihing dewa | sinung kasêktèn linuwih | Rara Jonggrang sukèng nala | kalamun sa-arju nini ||

12. Sutamu undangên gupuh | Witrita lumaksana glis | prapta ing talaga Muncar | panggya lan wêkanya kalih | winartan gatining lampah | tan lênggana nulya kerit ||

--- 3 : 118 ---

13. Prapta ngarsaning sang ngayu | ngunguning tyas sang minta sih | wingiting cahya kalihnya | kadi trahing kusumadi | Darmamoha lon turira | pinangka sêdya myang nami ||

14. Sajarwa sang rêtnaning-rum | pinangka sêdya kakasih | têmbê yèn lêbda ing karya | ulun tan suwalèng kapti | Darmamoha suka sagah | sigra binêkta mring nagri ||

15. Sapraptanirèng kadhatun | binusanan kaprabon ji | tilas agême kang raka | cèplês tan ana ngowahi | tan siwah lan kang wus lena | lir jambê sinigar kalih ||

16. Dahat sukèng tyas sang ngayu | patih Tubar dèntimbali | winartan sakèh lalakyan | suka sukur mangênjali | patih iki srayaningwang | ingsun jumênêngkên aji ||

17. Gumantiya kakang prabu | Sri Baka jujuluknèki | patih Tubar nêmbah mentar | undhang sang nata basuki | salin juluk Prabu Baka | arsa magut jurit malih ||

18. Wus samêkta tandya campuh | ing ngaprang tansah kapilis | Prabu Baka kewraning tyas | nulya manggihi sang putri | jinatèn panduking karsa | karya rèh upaya sandi ||

19. Dyah Rara Jonggrang jumurung | sang prabu amalih warni | tan siwah lan Rara Jonggrang | mentar mring barisan Pêngging | panggih radyan Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya / kados kasbut ngajêng. | tyas kumênyut tatanya ris ||

20. Nama miwah sêdyanipun | sang pindha warna turnya ris | kula nama Rara Jonggrang | kadange nèm sang yaksa-ji | Parambanan kang wus lena | mila sumiwi sang pêkik ||

21. Wit arsa winisisèstuwinisesèstu. | kaprênah santana sami | apanêngran Ditya Baka | ing mangkya wus madêg aji | ambawani ing Prambanan | amba lênggana nulya nis ||

22. Lamun kapanujèng kayun | arsa mawongan sang pêkik | Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya / kados kasbut ngajêng. dahat suka | subasita wiweka nir | pinondhong binêktèng tilam | dupyarsa pinurwèng rêsmi ||

23. Wisaya wisa tumanduk | radyan kantu gumalinting | nulya dinunung makutha | sang pindha dyah wus umijil | warna radyan [ra...]

--- 3 : 119 ---

[...dyan] Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya /. | parentah mring wadya Pêngging ||

24. Kinèn ajêg barisipun | priyangga mring Parangtritis | wadya Pêngging tanpa wikan | yèn kêni upaya sandi | sadaya mangayubagya | wus mentar kang pindha warni ||

25. Praptaning pura wus wangsul | warni Ditya Baka aji | makutha sigra binuka | radyan kang wus kadi lalis | sinungakên ing dyah Jonggrang | tyas suka marwata siwi ||

26. Datan ling kunarpa ayun | binuwang mring jalaniddhi | sang dyah jumurung ing karsa | mêsat praptèng têpi tasik | kidul radyan wus binuwang | sri yaksa wangsul mring puri ||

27. Samodra kadya kinêbur | gora rèh kagiri-giri | isèn-isèning samodra | sadaya nêmahi lalis | yata ratuning lalêmbut | sang aprabu Anginangin ||

28. Sungkawaning tyas kalangkung | myat wadya mina kèh lalis | sigra dènnira ngupaya | kang dadya darunanèki | wus kawuryan pinarpêkan | kunarpa cinandhak aglis ||

29. Winawèstu dèrèng lampus | mung kêni upaya sandi | radyan nulya ingusadan | wus waluya kadi nguni | sirna umobing samodra | sakathahing kang ngêmasi ||

30. Waluya sadayanipun | matur Prabu Anginangin | mangkya dèrèng mangsanira | pêjahè Baka narpati | benjang yèn wontên satriya | Radèn Bandung awawangi ||

31. Saking Pêngging wijilipun | puniku mungkasi kardi | kadhadha dyan Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya /. | èngêt garwa kang (ng)garbini | dumadya eca tyasira | tandya binêkta ing puri ||

32. Miwah ingadêgkên ratu | mêngkoni sagung dhêdhêmit | sarta isining samodra | lawan winulang sakalir | ing rèh jaya kawijayan | kotamaning madêg aji ||

33. Lami dènnya madêg ratu | dupi wus mangsanirèki | Prabu Maruta lingira | puniku nêdhêngirèki | suwawi mring pabaratan | mungkasi ngrabasèng puri ||

34. Kula radèn ingkang (n)jangkung | wus mentar saking ing tasik |

--- 3 : 120 ---

prapta nagri Parambanan | ananging maksih piningit | wadya Pêngging datan owah | taksih ajêg barisnèki ||

35. Nahên gantya kang winuwus | atmaja Hyang Surapati | nama Sang Hyang Citrasena | kapencut madêg narpati | siniwi ing marcapada | Sang Hyang Endra asung wangsit ||

36. Tan bisa jumênêng ratu | amung ing têmbe pinasthi | tumuntur nrahkên narendra | laku kudu dilakoni | manuksmaa marang Sata | sakala amalih warni ||

37. Sawung agêng ulês pingul | buntut mêlêm mubal langking | kinèn tapa (ng)graning ngarga | ing Kêlut nulya lumaris | tan cinatur laminira | kadangnya wrêdha wawangi ||

38. Hyang Citragada wulangun | dahat onêng mring kang rayi | ingaknya manuksma dadya | sawung ulêsira langking | buntutipun mubal pêthak | kinon mahas ardi Mrapi ||

39. Benjing tartamtu kapangguh | nêmbah mêsat kang sinung ling | mangkya kocap Prabu Baka | wus panggya lawan rêtna di | tansah mangun karasikan | nèng sajroning têpas wingit ||

40. Inggaling cariyos sampun | (ng)garbini têkaning wanci | ambabar mijil wanodya | warni jalma yu linuwih | ramèbu suka kalintang | sinung ran Rara Nawangsih ||

41. Nanging Sri Baka kalangkung | miminta atmaja malih | priya ginadhang narendra | nimbali rêkyana patih | dhinawuhan angupaya | panglipuring tyas prihatin ||

42. Kyana patih nêmbah matur | pun bapa manawi bangkit | nulya utusan wus mentar | tan dangu prapta ngarsa ji | Sakèli wus dhinawuhan | gya mundur saking ngarsa ji ||

43. Panggya lan raka sang wiku | Baèksi winartan gati | kang dadya karsèng narendra | kadugèng tyas nulya ngambil | klangênannya satawana | dipudyamantra wus warni ||

44. Sawung abrit ulêsipun | rêspati tan nguciwani | nora nana kang cineda | pun Sasab namanirèki | kinèn ngaturkên sang nata | kalawan matura yayi ||

45. Ngadêgkên kalangan sawung | kang dadya botohirèki | sutanta

--- 3 : 121 ---

si Ditya Rota | Sakèli nuwun wus pamit | ingiring pulunanira | sarwi (m)bopong sawung abrit ||

46. Prapta ing pura wus pangguh | kalawan sang yaksa-aji | wawêling katur sadaya | kapanudyèng tyas narpati | ngrakit kalangan wus dadya | undhang-undhang wus waradin ||

47. Sabên ari sang aprabu | ngabên sawung lawan dasih | sasat sabên ari mênang | punggawa mantri barindhil | wontên wadu botoh kawak | kakalih mung kari kulit ||

48. Mandangjaplak namanipun | kalih Bandawasa nami | putêking tyas samya kesah | Mandangjaplak anjog wukir | Palawangan sukunira | kang kidul ardi Marapi ||

49. Manungku tapa sirèku | Bandawasa mring wanadri | karyanira ambêbegal | balandhong warananèki | wuwusên Ki Mandangjaplak | pinanggihan kêthèk putih ||

50. Balabudha kang pitêkur | nèng tlaga Muncar udani | mring Mandang kalangkung wêlas | tinanya sêdyanirèki | Ki Japlak matur pasaja | suka risang kapi putih ||

51. Klangênannya kuwuk pingul | cinipta sawung wus dadi | ulêsipun mulus pêthak | bagus datan nguciwani | sinungan nama pun Muncar | sadhengah kang miyat kingkin ||

204. Asmaradana

1. Lah kaki gawanên aglis | Mandangjaplak langkung suka | sawung pêthak wus tinampèn | manêmbah amit kalilan | sapraptanirèng wisma | angaso sakêdhap laju | mring kalangan (m)bopong Muncar ||

2. Tinandhing lan sawung aji | pun Sasap lawan pun Muncar | kalangkung rame tarunge | Sasap kapilis wus pêjah | sang Prabu nulya (m)bayar | mangsulakên darbèkipun | Ki Mandangjaplak sadaya ||

3. Nalika kawon ing nguni | tinambahan arta kathah | Ki Mandang wus pulih-gêtèh | sabên ari mring kalangan | sawungira binêkta | tinandhing sabên cul payu | mungsuhira gundam-gundam ||

--- 3 : 122 ---

4. Kaog kabur ngucir kadi | uning kuwuk ayun mangsa | Japlak kathah pamênange | nanging mangkya pinacuhan | tan parêng (m)bêkta Muncar | kalamun ngantiya ngadu | jinarah sadarbèkira ||

5. Punika purwane nguni | sawung pêthak mulus datan | kenging mêdal kalangane | ila-ilane ing kuna | (m)bibarkên pakalangan | nanging Ki Japlak tan keguh | sabên ari mring kalangan ||

6. Ambêkta sawung sayêkti | prandene tan nate kalah | margi pun Muncar sawabe | mangkana sang yaksa Baka | nimbali Ditya Rota | binobot ngupaya sawung | ingkang kathah cacahira ||

7. Mêsat saking ngarsa aji | panggih lan sudarmanira | ngaturkên dhawuhing katong | ngunguning tyas wus anduga | kang dadya karsa nata | mimba mring wisma andulu | taksaka kalih nuju prang ||

8. Cinandhak cinipta dadi | sawung kalih kang sajuga | kulawu cêmêng sukune | têrus lawan cucukira | winastanan pun Sura | balorok satunggalipun | suku cucuk samya krêsna ||

9. Pun Wira namanirèki | nulya angupaya sima | pinudya dadya sawunge | wulu lurik abang (m)branang | lonthèng suku kalihnya | pun Bêncorèng namanipun | Ditya Rota lan namanya ||

10. Sumiwi ngarsa narpati | ngaturkên sawung titiga | sang prabu mundhut jangkêpe | sadaya kang warna-warna | Baèksi tur sandika | dipangganira sang prabu | pinudyamantra wus dadya ||

11. Sawung krêsna ulêsnèki | sinungan nama Gajaksa | nulya nyuwun gaman pupoh | gandhi dadya Widosana | pun Gandhu namanira | gada wido klobot pingul | sinungan sangkur gundhala ||

12. Dhuwung dadya sawung lurik | Panyorèh panêngranira | warastra wido kwaline | sinungan nama pun Sahak | papiling wiring driya | Candhiraras arannipun | puthon dadya wiring jênar ||

13. Jaliwatu namanèki | prabu-yaksa sukarêna | jangkêp sadasa sawunge | nulya iyasa kalangan | anèng ing wukir Arka | kidul praja prênahipun | rinakit lir purantara ||

--- 3 : 123 ---

14. Mangkana sang dayinta ji | nyuwun kanang kalangênan | kang mirit§ Prayoginipun / mirib / = mèmpêr. kadi sawunge | dadosa sukaning driya | raka panujèng karsa | nimbali kakalih wiku | praptèng ngarsa dhinawuhan ||

15. Kang dadya pamintèng sori | wiku kalih matur nêmbah | pantêsipun klangênane | prayogi angabên gêmak | lan rabining punggawa | myang pawongan cèthinipun | cinatur wus kalampahan ||

16. Sukarêna pramèswari | sabên ari tansah mênang | lah punika ta purwane | wontênipun ngabên gêmak | sang prabu gya utusan | (m)boyongi Witrita diyu | sinung kamuktèn ing pura ||

17. Prabu Baka pindhah maring | ardi Arka wau tansah | dènnya mong ngabên sawunge | langkung kathah pamênangnya | wadyabala kawudan | Ki Mandangjaplak barundhul | kesah mring talaga Muncar ||

18. Panggih Balabudha warti | bab suwung katur sadaya | Balabudha lon dêlinge | lamun kaya mangkonoa | luhung angadu jalma | mungsuhe isih apêngkuh | (m)bathêthêt angêpung kutha ||

19. Mandangjaplak èsmu ajrih | dahat dènnya anoraga | sang kapi sangêt wêlase | ingagnya kinèn ngupaya | sawung kang wulu krêsna | buntutira mubal pingul | iku kalamun wus angsal ||

20. Pilalanên kang abêcik | lawan jênêngna si Muwar | iku bangkit ngasorake | kabèh jagone yaksendra | dene dununge sata | ana ing Mêrapi gunung | Ki Mandang wus minggah arga ||

21. Praptèng imbanging Marapi | ing Gumulung ranning dhêkah | nulya kampir mring wismane | Buyut Tampura rannira | lagyarsa bêrsih desa | Japlak ingancaran gupuh | kalawan binujakrama ||

22. Ki Buyut awas ningali | kang prapta sêmu sungkawa | pinurih sipêng tamune | ing wanci sirêping jalma | ayam ayun pinragat | raosan lan kancanipun | sawiji kang ulês krêsna ||

23. Buntutira mubal putih | tan rênèng tyas yèn palastra | mung kinarya bêrsih dhukoh | yèn jawata nglilanana | utama mati

--- 3 : 124 ---

aprang | babon mangsuli yèn ingsun | suka lampus kanggo boga ||

24. Babon sulaya lan mami§ Prayoginipun / swami / = bojo. | lah ta sapa ingkang bisa | amurungkên patiningngongpatiningong. | sanggêm asung sukarêna | tinêmpuhkên babaya | mangkana karsèng Dewa Gung | Ki Japlak sinungan wikan ||

25. Saking salu marêpêki | ngintip-intip kandhang ayam | wus cêtha ing pandulune | ayam kang sanggêm babaya | sawung ulêse krêsna | buntutira mubal pingul | tan siwah kadi wasita ||

26. Ki Japlak tatanya aris | èh jago kasaguhanta | kang wus sira wahyakake | apa kêna ingantêpan | dhuh jalma ywa sumêlang | gugunên saujaringsun | eca tyase Kyai Mandang ||

27. SandayèngSandeyèng. tyas mung manawi | Kyai Buyut datan angsal | wangsul maring paturone | gya enjing nulya pamitan | sarwi anyuwun ayam | ulês cêmêng buntut pingul | Ki Buyut mèsêm lingira ||

28. Lah suwawi (n)dika ambil | puniku sawung nanêka | saking ing Mrapi pucake | Ki Japlak kalangkung suka | binopong ponang sata | sarwi awacana arum | dhusun Gumuling§ Prayoginipun / Gumulung / kados kasbut ing pada 21 ngajeng. punika ||

29. Nama prayogi dènêlih | samangkê dhusun Kajiwan | daruna wurung sawunge | pinragat samangke arja | Buyut manadukara | katêlah lajêng kasêbut | aran ing dhusun Kajiwan ||

30. Mandangjaplak tandya pamit | nèng marga datan winarna | wus sinung aran sawunge | pun Muwar sapraptanira | ing wisma tan kêna sah | lèngkèt agêng trêsnanipun | binêkta byantarèng nata ||

31. Sang nata tatanya aris | saka ngêndi iku Japlak | saking Marapi sang katong | payo kono tatandhingan | kalawan si Gajaksa | Muwar kawon gung ngaluhur | Japlak ajrih yèn mopoa ||

32. Sawung Muwar abibisik | asal sawunge sang nata | sarta ywa sandeyèng tyase | têka ndhèrèka kewala | kakalih uwus tinoya | cul payu Muwar tinutuh | kapilis wus sinadasa ||

--- 3 : 125 ---

33. Muwar malêsnya bêt (n)jiling | pun Gajaksa kapisanan | dadya dirada wangkene | suka kang samya totohan | kang kawon babayaran | sang prabu langkung gêgêtun | dhawuh tinutuh lan Sura ||

34. Mandhangjaplak langkung ajrih | manêmbah sumanggèng karsa | saya agêng totohane | wus tarung Sura sinampar | ing jalu gumalimpang | pêjah dadya naga agung | sawusira babayaran ||

35. Anulya tinandhing malih | kalawan sawung pun Wira | kalangkung rame tarunge | Wira pêjah kapisanan | wangke dadya taksaka | kang kawon bayaran sampun | kasaput ratri bibaran ||

36. Ki Japlak sukanya ngênting | kawonnya mantuk sadaya | pamênange kinuruhke(?) | sapraptanira ing wisma | Muwar sinungga-sungga | ing dalu tansah pitutur | Ki Mandang dahat narima ||

37. Enjingipun sowan malih | lajêng kewala tandhingan | kalawan kagungan katong | pun Pancorèng namanira | tanglêt lawan pun Muwar | Pancorèng sinangga lampus | wangkenipun dados sima ||

38. Anulya tinêtah aglis | lawan pun sangku Gundhala | datan adangu tanglête | Gundhala ginêbag pêjah | wangkenya dadya gada | pinanjêl tandhing pun Gandhu | cul payu rame kalintang ||

39. Gandhu tiwas dadya gandhi | tinêtah malih kalawan | pun Manyorèh tarung rame | pun Manyorèh kapisanan | wangke dadya curiga | anêtah malih sang prabu | sawung nama Candhiraras ||

40. Rame dènnya mangun jurit | Candhiraras pinaranggal | mak sêg dadya warastrane | kabaranang sri narendra | tinêtah lan pun SabakSahak. | langkung rame wus kinabruk | pun Sahak pêjah (n)jêrbabah ||

41. Kuwandane dadya piling | tinêtah malih kalawan | pun Jaliseta namane | kêtogan sagung totohan | rukêt rame tarungnya | Jaliseta wus ingêmbun | mak sêg tan mangga puliya ||

42. Dadya astra puthon rukmi | kèndêl sêraping baskara | sang

--- 3 : 126 ---

prabu kathah kawonne | botoh kathah kawudanan | de kang anut Ki Japlak | ambêntoyong antukipun | wus kalilan abubaran ||

43. Ing ratri sang yaksa aji | dahat dènnira sungkawa | Baèksi tansèng ngarsane | dhinawuhan angupaya | sawung kang ngasorêna | lawan pun Muwar puniku | Baèksi umatur nêmbah ||

44. Bilih sang prabu marêngi | pun Ditya Rota kewala | pinudya dadya sawunge | sang nata kalangkung suka | Ditya Rota pinudya | sakala wus dadya sawung | wulu klawu nama Brama ||

45. Enjing sang prabu miyosi | Ki Japlak wus ingandikan | kalawan (m)bekta sawunge | pun Muwar tandhing lan Brama | kalangkung ramenira | sarosa gantya kapupu | temah Brama kawatgata ||

46. Maripatira kang kering | kawus kabur wus anggeblas | sang Baèksi dupi anon | nututi lampahing sata | tumekèng kidul arga | panggyarsa binêktèng wangsul | nulya na swara kapyarsa ||

47. Baèksi ruwatên aglis | yèn wus nulya agnyanana | amanggon ing tanah kulon | dumunung desa Gadhungan | benjang dadya mulyanya | yèn sirarsa golèk sawung | kang ngasorakên si Muwar ||

48. Mangetana dipun aglis | maranga ing Kêlut arga | pan kono ana wujude | ulês putih lancur krêsna | sêmu saplak lan Muwar | sawung elok bisa muwus | satata kadi manungsa ||

49. Pilutanên ing mamanis | lamun wus sambadèng karsa | jênêngna Gutukmênur-e | Baèksi mituhyèng swara | suta sinidhikara | wus waluya sinung tuduh | kadya wangsit kang kapyarsa ||

50. Ditya Rota wus lumaris | Baèksi wangsul ing pura | prapta ngabyantara katong | matur sawung tan kapanggya | taksih panggah ngupaya | sang prabu lêjar ing kalbu | dhawuh êpur wus bubaran ||

51. Baèksi amit narpati | kalilan anulya mentar | datan cinatur lampahe | wus prapta ing Kêlut arga | nalasak angupaya | tan antara dangu pangguh | mamanising pangupaya ||

--- 3 : 127 ---

205. Dhandhanggula

1. Sawung pêthak lancur mubal langking | kawistara lir manungku puja | Baèksi eram ing tyase | sang wiku makidhupuh | mangênjali mamalating sih | sawung mèsêm sajarwa | linut ing sabda rum | sawusing titi carita | atatanya marang ing rêsi Baèksi | paran gatining karya ||

2. Sang Baèksi matur mamalat sih | saliring rèh tan na kaliwatan | kalamun kaparêng mangke | ing karsa sang linuhung | binêkta mring Prambanan nagri | katur sang natayaksa | myang sinung jujuluk | Gutukmênur Sang Hyang Sata | tan lênggana binopong binêkta aglis | praptèng byantara nata ||

3. Sawung katur (ng)guguk sang yaksa-ji | Mandangjaplak tandya tinimbalan | kinèn ambêkta sawunge | sapraptanirèng ngayun | Muwar mulat sawung narpati | bibisik mring Ki Japlak | sawunge sang prabu | arinira tunggal yayah | samya sang Hyang Indra ingkang asisiwi | wus winêdhar sadaya ||

4. Kang sinung ling ngungun langkung ajrih | wêwah sungkêm maring sawungira | sang prabu parentah age | mring Japlak sawungipun | tinandhingkên lan sawung putih | kagungan sri narendra | sumangga turipun | wus campuh madyèng kalangan | Gutukmênur Muwar pagut ing pangèksi | tan pangling kalihira ||

5. Kawistara sru gitik-ginitik | sajatine pan imbal-wacana | Muwar alon andikane | dhuh yayi kadangingsun | wus alami ingsun-ulati | lagi samangke panggya | matur Gutukmênur | ulun anèng Kêlut arga | yèn mangkono payo yayi padha mulih | kang rayi sru lênggana ||

6. Dadya dangu wawan-winawan ngling | lah ta yayi iki wus antara | ing aprang ngalaha bae | kang kinèn datan purun | matur aris sarèhning mami | sinaènan ing jalma | langkung merang ulun | wontên lukitèng babasan | asih iku timbang wawalêse gêtih | kang raka angandika ||

7. Êmpan papan kang mangkono yayi | dhihin amung walês jrih kewala | pindho pêrih lan panase | têlu wutahing marus | tumrap

--- 3 : 128 ---

ingkang sliranta yayi | maksih tangèh malêsa | wutahing kang marus | dêstun lagya jrih kewala | lah sumangga yèn ulun ngawona isin | sabab ulun wus sagah ||

8. Ngawonakên sawung kang dimurti | darbèkipun Ki Mandangjaplak |§ Prayoginipun / Kaki Mandangjaplak / supados jangkêp guruwilanganipun. kang raka lon andikane | ywa mangkono riningsun | inggih kakang kadi punapi | paran lamun kawuryan | ing jalma kang ngruruh | gya ulun mangejawantah | wus sajarwa atmaja Hyang Endrapati | mèsêm kang raka myarsa ||

9. Kawistara agantya kapilis | alok-alok surak (m)batarêbah | kang samya non sru sukane | amung Ki Mandang kang wruh | wicarane sawung kakalih | dangu awawan-sabda | kongsi mumbul-mumbul | tumitah pucaking arga | amangalèr ngayuh pucaking Marapi | anulya pipisaban ||pipisahan.

10. Ingkang rayi kinèn kantun awit | (n)dumugèkkên èsthining wardaya | raka wangsul kayangane | Muwar mincok wit randhu | Gutukmênur mangetan aglis | anapak jumantara | prapta luhuripun | padhusunan Sokawatya | uning sata èstri mulus wulu putih | Gutukmênur kasmaran ||

11. Cumalorot tumulya ngrakêti | tan saranta pinurwèng asmara | satata ayam carane | sawusnya amonglulut | mibêr kadi nguni tan bangkit | ngunthul sru merang ing tyas | tantara muksa wus | wangsul sarira bathara | pan katêlah ing nguni prapta samangkin | sawung ing Sokawatya ||

12. Nora daya cêpak apêsnèki | gantya kocap kang anèng kalangan | sang prabu utusan age | angruruh Gutukmênur | Mandangjaplak asru nututi | lan Muwar wus kapanggya | nèng pucaking randhu | Ki Mandang mènèk wus pêrak | mangênjali umatur angasih-asih | mugi panujèng karsa ||

13. Kaparênga ulun êmong malih | èh ta Japlak samangke wruhanta | ingsun mring kayangan manèh | amung ta wêkasingsun | raga kita candhinên benjing | lan manèh wêkasingwang | yèn anggawa sawung | ywa aso sor randhuwana | yèn lumaris parêg lan randhu dèn aglis | kang (m)bopong kalurukan ||§ Prayoginipun / kaluruka /.

--- 3 : 129 ---

14. Sukur sarta yèn kluruk pribadi | yêkti jaya tuntas ing pamêkas | Muwar ngracut sarirane | wangsul kayanganipun | raganing kang sawung tumuli | binêkta mantuk sigra | cinandhi di luhung | katlah nama Candhiraga | kang ngulari Gutukmênur tan kapanggih | Baka langkung sungkawa ||

15. Gya parentah angupaya malih | bên-abênan mrih lipuring driya | punggawa ngaturi age | kaparêng tyasing prabu | ngabên jangkrik myang ngabên miri | pidak mawi dènolah | niku purwanipun | ngabên sawung miri pidak | lawan jangkrik mila sawung kang prayogi | wêdalan arga Mrapya ||

16. Mas Cêbolang miwah catur santri | langkung suka myarsakkên carita | sinambi alèlèh-lèlèh§ Prayoginipun / alèyèh-lèyèh /. | jênggèlèk lon lingipun | amêmêlas natèng Salêmbi | lêrês nganyut palastra | rumaos pêsipun | labane kurang titika | ing tyas limut kêni rinancanèng ngeblis | satêmah (n)jamah putra ||

17. Pawêlèhe puputra rasêksi | Citrasena puputra wanara | kadiparan ta pêrnahe | pakèwêt kramanipun | Ki Harsana lingira aris | nyumanggakkên ing karsa | mila kula (ng)galur | cariyos sru pados têrang | lawan kenging kaanggo têpa-palupi | lampahan kina-kina ||

18. Amangsuli cariyosing nguni | radyan Bandung wus (n)dungkap diwasa | tansah tanya sudarmane | rinapu datan lipur | wus sajarwa dyah Rarasati | Dyan Bandung duk miyarsa | tanpa pamit ibu | pribadi tandya umêsat | saking puri sapraptanira wanadri | kapanggih Bandawasa ||

19. Aprang rame Bandawasa kuntit | dyan cinandhak arsa pinêjahan | Bandawasa lon ature | gêsangana wong bagus | nama ulun sumanggèng kapti | mêwahana paparab | inguculkên sampun | nêmbah anungkêmi pada | saha matur samangke paduka nami | Dyan Bandung Bandawasa ||

20. Bandung mêsat praptèng têpis-wiring | Parambanan gantya kang winarni | Radyan Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya / kados kasbut ing ngajeng. mangke | panggya lan ari prabu | Citrasena umatur aris | mèh lalu ing pangantya | kang

--- 3 : 130 ---

raka lingnya rum | mêdhar ing purwa wasana | ari ngungun wasana sukur ing Widdhi | tandya nêmbang têngara ||

21. Samya inggar kirap wadya Pêngging | gugup prabu yaksa wus miyarsa | Dyan Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya /. praptane | sinêngguh lajêng lampus | Dyan parentah miyosi jurit | wus campuh rame aprang | Sri Baka umagut | pinapag ing Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya /. | Radyan Bandung prapta rananggana aglis | Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya /. cinandhak ||

22. Sangking wingking duk arsa binanting | myarsa swara èh Bandung wruhanta | iku ramanta yêktine | Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya /. yayahmu | Bandung kagyat sinèlèh ririh | rahap mangraup pada | dhuh wong tuwaningsun | ulun Bandung atmajanta | Radyan Darmamaya§ Prayoginipun / Damarmaya /. gupuh ngrangkul siwi | babo atmajaningwang ||

23. Eyang miwah ibunira kaki | apa padha basuki sadaya | Bandung nêmbah lon ature | inggih sami rahayu | mugi rama ywa walanggalih | pun yaksaprabu Baka | ulun kang umagut | tandya majêng rananggana | wus acampuh lawan raksasa narpati | angêtog kasudiran ||

24. Sèlèh gaman kuwêl ing ngajurit | mila wontên dhusun Kuwêlan rannya |Lebih satu suku kata: mila wontên dhusun Kwêlan rannya. sayah prang sami aripe | milanya wontên dhusun | ing Koripan dènnira jurit | mangidul kang katrajang | lusah-lusah mawut | mila karan dhusun Lusah | lajêng sawur-sinawur mila samangkin | wontên Wêdhi ran desa ||

25. Praptèng kidul Prambanan yaksa-ji | dyan cinandhak pinêtêlkên kisma | amblong trus Laut Kidule | praptèng samangkenipun | dados tlaga Miniyan nami | umbule saking kisma | katon sirahipun | jinênggit remanya têlas | gya binucal mangilèn tibanya têbih | mila na dhusun Ngrema ||

26. Mripat kalih cinuplêk wus kêni | gya binucal ngidul ngilèn mila | wontên dhusun ing Mataèk | purus binêthot gupuh | pan mangilên pambucalnèki | mila wontên ran desa | Pagêlèn puniku | sirah dènêntêpkên kisma | dadosipun samangke ing ardi Gamping | badane lajêng sirna ||

27. Sasirnane Baka narapati | Radyan Bandung gya malêbêt pura |

--- 3 : 131 ---

dyah Jonggrang lawan putrine | pinarak jro kadhatun | Bandung prapta nir tahèng ati | dyan Jonggrang pinarpêgan | linuting pangungrum | sang dyah kawal ing wacana | ababana kalangênan sèwu candhi | sawêngi paripurna ||

28. Radyan Bandung sagah gya umijil | amanêgês ngêningakên cipta | nênêdha mring Pangerane | katrimah pujanipun | candhi dadya sarêng sawêngi | sèwu kirang satunggal | mirêng tiyang nutu | prênahe dhusun Katangga | Bandung kagyat sinêngguh wus bangun enjing | luwar dènnya mumuja ||

29. Aningali dalu dèrèng lingsir | Radyan Bandung lajêng angandika | dak-tatêdha salawase | marang Dewa Linuhung | wong Katangga jalu lan èstri | yèn parawan dadiya | iya prawan sêpuh | jaka dadi jaka tuwa | pan katêlah ngantos dumugi samangkin | parawan jaka tuwa ||

30. Radyan Bandung malbèng pura malih | asung uning Candhi Sèwu dadya | minta sih kalêksanane | patêmbayèng sang ngayu | linunturan sabda mamanis | sang dyah dahat lênggana | kaslêpêk ing ngatur | sigra lumajêng lan putra | Bandung krodbakrodha. binujung saparannèki | dupi ayun kacandhak ||

31. Sang dyah Jonggrang mêlêng ing sêmadi | nyipta luhung dados sela-tama | jlêg warni arca anggane | èstri astane catur | jangkêp sèwu nama lêstari | cuthêl namung punika | criyose tyang sêpuh | kaol kadwi kalanira | jamanipun karaton ing Majapahit | Brawijaya pamêkas ||

32. Ingkang damêl namanipun sami | inggih Bandung atmajaning ngajar | saking pinuja dadose | rampung sami sadalu | lampahane mèmpêr ing ngarsi | punapi linajêngna | Mas Cêbolang matur | sampun samantên kewala | sakalangkung gung-gunging panuwunmami | rèhning wus wanci pajar ||

33. Kalilana ulun minta pamit | (n)dumungèkkên(n)dumugèkken. lampah saha miyat | tlaga myang patilasane | Sri Baka yaksaprabu | Ki Harsana lingira aris | bagus (m)bok-jêngandika | lah punika sampun | klêthêkan yun (ng)godog wedang | prayogine ingêntosan sawatawis | sêdhêng pajaring surya ||

--- 3 : 132 ---

34. Mas Cêbolang (n)dhêku lingira ris | adhuh kyai ywa cuwèng wardaya | rèhning (m)bujêng sakecane | ing lampah milanipun | ulun (m)botên mawi ngêntosi | pasihan sasarapan | kyai wisma manthuk | rèhning dèrèng samya wikan | prênahipun ingkang badhe dèntingali | kula ngatêr ing lampah ||

35. Sru sukèng tyas Cêbolang (ng)gugahi | mring santrine kang misih anendra | wus samêkta sadayane | mintar saking ing dhusun | Ki Harsana kang anèng ngarsi | byar praptèng pèrèng dhêkah | Miniyan jinujug | sawusira myat talaga | laju miyat tilas kadhaton yaksa-ji | nagri ing Parambanan ||

36. Wusing miyat Cêbolang lingnya ris | kyai ulun nyuwun sarêrêpansasêrêpan. | Kajoran pundi prênahe | Harsana lingira rum | ngalèr ngetan saking ing ngriki | manawi wontên krajan | anggamêng lir mêndhung | ngêngrêng labête kanggenan | ngulama di kakasihipun narpati | (n)Jêng Sultan Ngèksiganda ||

37. Sampun ênggèr samyandum basuki | sasalaman gantya jawat tangan | Cêbolang laju lampahe | Cêbolang myating dhusun | sing mandrawa kawuryan asri | pring wulung gêng-gêng papak | papagêring dhusun | kalapane abên papah | turut pinggir jroning pagêr tharik-tharik | we mili wêning numpang ||

38. Sabin blêbêg kumêmping ngubêningi |Lebih satu suku kata: Sabin blêbêg kumêmping ngubêngi. anaracak bêntêt lêma-lêma | têgal kalawan sêtrènne | otèk jèpèn myang jagung | canthèl wijèn gudhe kaspèi | katela dhudha-nginang | sêmangka bêstêru | ceme timun myang dhêkêman | lombok terong kacang pêndhêm kacang ruji | buncis kara mawarna ||

39. Samya nêdhêng woh sadaya (n)dadi | ascaryambêg sadaya kang miyat | baya ta iki bêrkahe | ngulama mukmin luhung | kinasihan kang murbèng gaib | sudibya martotama | têntrêm tyas rahayu | anyawabi samubarang | lagi anon kitrine wus martandhanimratandhani. | kinacèk ing sasama ||

40. NgajêngngakênNgajêngakên. ing waktu Mahribi | Mas Cêbolang lawan rencangira | lumêbêt jro karajane | gasik kêncêng marga gung | pala kêpêl ing kanan kering | masjid agêng katingal | ing sajawinipun | capuri prênah duksina | kilèn regol kidul masjid wismanèki | naib

--- 3 : 133 ---

Ngabdulmartaka ||

41. Lagya ayun ngambil toyastuti | miyat ana dhatêngan lêlima | nèng plataran masjid gêdhe | nulya pinaran gupuh | sasalaman tatanya aris | kula anilakrama | dhumatêng mas-putu | lah sintên ingkang sinambat | miwah asli tanapi sinêdyèng galih | Salisir nêmbe miyat ||

206. SalisirPupuh ini punya beberapa bait perkecualian: semestinya guru wilangan jatuh 'a' tetapi jatuh 'i': bait 9, 11, 12, 13, 19, 23, 25-27, dan 32.

1. Mas Cêbolang lon lingira | kawula santri balaka | saking Kêdhu Margaima | pun Cêbolang nama kula ||

2. Rencang sakawan punika | pun Nurwitri Ki Saloka | Palakarti Kartipala | pramila kadara-dara ||

3. Wit kasok karoban warta | ngambar lir wrêksa candhana | (n)Jêng Pangran ingkang minulya | parab Panêmbahan Rama ||

4. Manawi pinudyèng karsa | ulun badhe ngèstupada | nyuwun barkah sang minulya | panyirêping mudha harda ||

5. Ki naib dupi miyarsa | sukèng tyas alon wacana | puniku langkung utama | ing benjing-enjing kewala ||

6. Kula ingkang angaturna | mangke dalu kaparênga | sipêng ing wismakawula | bilih sampun bakda Ngisa ||

7. Sadayane kula bêkta | Cêbolang sumanggèng karsa | sawusnya wulu anulya | minggah masjid Alahuma ||

8. Santri gêng alit kacaryan | marang kang nêmbe kawuryan | Mas Cêbolang nulya adan | tan sarêng Mahrib sunatan ||

9. Manjing ing wêktu Mahribi | Ki Nurwitri kang ngamadi§ Prayoginipun / ngamati / = maos qomat. | kaliye swarane adi | kasmaran ingkang miyarsi ||

10. Mahrib tumêkane Ngisa | kang ngimani Ki Martaka | paragat sasunatira | pupujiyan mawa donga ||

11. Bakda donga sasalaman | santri gung alit bubaran | samya mantuk sowang-sowangan |Lebih satu suku kata: samya mantuk sowang - sowang. myang lagon puji-pijiyan ||

12. Allah Nabi palu alim | Allah Nabi palu alim | Allah Nabiya nabebe | ya Nabi Nabi Muhkamad ||

--- 3 : 134 ---

13. Iya iman taohid-i | iya iman taohid-i | ya makripat ya Islami | ya makripat ya Islami ||

14. Ya Ibrahim kalilolah | Ya Ibrahim kalilolah | ya Muhkamat kabibulah | ya Muhkamat kabibulah ||

15. Iya Musa kalamolah | iya Musa kalamolah | ya Umisa ya rohollah | ya Umisa ya rohollah ||

16. Iya Adam Abubasan | iya Adam Abubasan | ya Muhkamad Arbu Arwan | ya Muhkamad Arbu Arwan ||

17. Nahên kimas sarowangnya | kerit kimas Ngabdultaka | sapraptanira ing wisma | pinarnah salu pandhapa ||

18. Ki Ngabdul malêbèng wisma | rubiyah lah sudhiyaa | sugata saananira | nanging kang rada misrama ||

19. Aku katamuan santri | lilima nanging priyayi | kang siji amêrakati | pantês darahing têtèki ||

20. Nyi wisma matur sandika | wus samêkta sadayanya | ki wisma maring pandhapa | myang ngirit sasêgahira ||

21. Wedang ronning kanang kahwa | linalapan gêndhis klapa | nyamikan bêntul binêsta | gorengan linjik katela ||

22. Sumangga (ng)gèr sawontênnya | sasêgahe kaum desa | tartamtu botên misrama | muhung panambaking lapa ||

23. Kang sinung ngling samya (n)dhêku | sasêgahira lumintu | nulya lumados kang bucu | magana sêdhêp kang bumbu ||

24. Sate gule ulam menda | majêr kathah gajihira | samya angêt sadayanya | sambêl lalaban mawarna ||

25. Suwawi (ng)gèr awawanting | bucu gya tinrapan lading | dèniris tigan gumlinting | samya kokoh gule kambing ||

26. Nutug dènnira abukti | cinarikan sadayèki | wowohan lumadyèng ngarsi | dhuku kêpêl lan kêcapi ||

27. Cêmêngipun alus lumêr | raosipun anglêg sêgêr | kang katêmbèn uning (n)jêngêr | wus samya nêdha anglênyêr ||

28. Nutug anadhah wowohan | tamunira binejanan | prayogine sasareyan | punapa alêlênggahan ||

--- 3 : 135 ---

29. Mas Cêbolang aturira | tilêman mangke kewala | ki wisma manadukara | angêmong mring tamunira ||

30. Ki wisma ngling bilih karsa | sambèn maos sawontênnya | sêrat kang mawa surasa | dènmirêngakên sakeca ||

31. Cêbolang mangayubagya | ki wisma ngambil nawala | kakang Nurwitri kewala | payo kakang lêkasana ||

32. Ki Nurwitri wus atampi | srat pegon Suluk Hartati | mêdharkên rahsa sajati | buka Pangkur têmbangnèki ||

207. Pangkur

1. Ki Hartati mêdhar sabda | sadurunge kaki sira dumadi | anèng pundi dunungipun | yêktine saking ora | bapa biyung dadi lantaran tumuwuh | tan nêdya yoga mring sira | mung nêkakkên hardèng kapti ||

2. Tibaning kang rahsa mulya | nèng manikêm urip lawan pribadi | bundêr samrica binubut | kumêdut salaminya | sumrambah ing ngangga bisa dadi wujud | bayi lair sing wêtêngan | dadi manungsa sajati ||

3. Sadurunge pancadriya | pamiyarsa pangganda lan pangèksi | pangucap lawan cipta-nung | nanging durung tetela | awit durung kadunungan rahsa tuhu | ri wusnyantuk rahsa tama | mundhak-mundhak sabên ari ||

4. Nganti prapta ing diwasa | pancadriya jumênêng lawan titi | bisa angambu angrungu | wêruh lawan pangucap | tampa saka Isbatu-jait liripun | yèku warah saking liyan | mula jimatun wus tampi ||

5. Aran têtêp tinêtêpan | luwih elok dayaning sanubari | beda-beda ciptanipun | kang aran joharngalam | lamun sira nyipta barang kang durung wruh | joharparid lamun sira | nyipta barang kang wus uning ||

--- 3 : 136 ---

6. Lawan Datu-maolana | lamun sira nyipta angganta kaki | pininta mlaku lan lungguh | anèng panggonan liyan | sakêclapan ing kene sayêkti suwung | katon ngalih anèng kana | byaring tyas wus krasa ngalih ||

7. Jêbèng padha piyarsakna | ingsun karya gita pralambang jati | supadi nênangi sagung | kang dahat punggung-mudha | purwaning kang pralambang mangkya winuwus | isining kang wuluh wungwang | suwung obah kênèng angin ||

8. Tapaking kuntul anglayang | manuk mibêr muluk ngungkuli langit | kalawan gigiring punglu | kuda ngrap ing pandêngan | wêkasane langit lan jaladri agung | tanggal pisan kapurnaman | sêntèg pisan anigasi ||

9. Kabèh dayaning budaya | anganakkên cipta lan siring ati | pinindha na watêsipun | lan ana tilasira | apadene kinira sapisan tundhuk | kalawan pancêring nala | rampunge (m)babarpisani ||

10. Pralambang bumi pinêtak | duhkitèng tyas lumèngkèt tan ngindhani | kanang pawana tiniyup | yèku bantêring manah | ciptèng nala lumaku rosaning bayu | amèt gêni adêdamar | wong ngangsu pikulan warih ||

11. Yèku padhanging tyas tama | gung ngupadi undhaking kawruhnèki | atanapi banyu kinum | [...] |Kurang satu baris: 7a. angungkuli adhême kang tirta salju | dahana murub binakar | ya iku panasing ati ||

12. Luwih panasing dahana | lan srêngenge pine padhanging ati | sumêblak nora kabêndung | dening ima manampak | lawan malih pralambang galihing kangkung | iku hawa datan obah | ngêndhêm sajroning ginaib ||

13. Susuh angin ngêndi (ng)gènnya | upadinên ing dalil Kur'an muni | wa ladahu wa karibun | min kabaril wa rita | Gusti Allah rarakêtan dunungipun | lan rahsa nikmat mupangat | anèng (ng)gon rahsa winadi ||

14. Kusuma anjrah ing tawang | pindha kumbang angajap talèng sêpi | iku tirtaning kêmumu | lamun têdhuh kawuryan | lir angganing kapuk kataman ing banyu | mratani madyaning jagad | rasakna tumêkèng ati ||

--- 3 : 137 ---

15. Sambunge kang wus kawêdhar | sinukarta rinambahakên malih | kodhok ngêmuli lèngipun | raga mangka canthuka | anèng ngêrong yèku nyawa isbatipun | karsane kang karya gita | raga angêmuli urip ||

16. Kang rangka manjing curiga | munggèng jiwa isbate punang ragi | yèku anglungguhi suwung | mangka lamun supêna | antuk jaman sayêktine nora mêtu | upama bisa umahya | murut marang têpêt sukci ||

17. Randhu-alas nut sèmbukan | randhu-alas isbate punang ragi | sèmbukan nyawa liripun | kalamun raganira | pisah lawan jiwanta sayêkti layu | bali marang ananira | yèku sampurnaning pati ||

18. Ana manuk bango buthak | lamun ngêndhog nèng ngênthak-ênthak sêpi | dene kalamun jinupuk | juga obah sadaya | kang kadyèku awang-awang uwung-uwung | kang dinumuk nora kêna | anèng jagad anglimputi ||

19. Suwunge amêngku ana | kang winêngku udara lawan angin | udara nora lumaku | angin katon lumampah | angin saka kasorotan Sang Hyang Bayu | bisa nangèkakên panas | udara obah dadya ngin ||

20. Cublak suwêng suwêngira | sigêlèntèr mambu ketundhung mundhing | êmpak-êmpong lira-liru | iyèku swasananta | mlêbu mêtu ingaranan lira-liru | ing suwung kang mêngku ana | mungguh sajroning ngaurip ||

21. Cebol arsa (ng)gayuh lintang | jalma lumpuh bisa ngidêri bumi | angên-angên jatinipun | lan manèh ingkang wisma | kang tan mambu gagaman apa liripun | iyèku ciptaning manah | nganakkên rupaning panti ||

22. Beda ingkang aran wisma | dudu wisma yêktine suwungnèki | lawan malih suwalipun | êndi guru sanyata | tan lyan angin-anginira wit amêngku | pangadilan amongraga | jaksa patih pangulu ji ||

23. Lan manèh ki bale-atma | êmoh lara kalawan êmoh mati | mangka raga kang katêmpuh | kêna ing lara pêjah | marma kaki

--- 3 : 138 ---

dènawas tibaning sêmu | nanggulang karsa murbèngrat | wit raganta kang nglakoni ||

24. Anadene kang udara | jagat gêdhe kalawan jagat cilik | yakti tan na bedanipun | napas mêtu ing grana | nupus mêtu tutuk abab yêktinipun | tanapas mêtu ing karna | anpas ing netra umijil ||

25. Anpussakum mêtyèng raga | rênggangane kanang swanita mijil | wuta duduh§ Prayoginipun / tuduh /. marga tuhu | pangambu antuk ganda | katampan ing ati wêruh dunungipun | sinidikkên datan cidra | yêkti gandaning mamanis ||

26. Kang aran talining gêsang | swasananta tan kandhêg rina wêngi | tanpa pakon lampahipun | iyèku aran nyawa | balik sapa iya ingkang ngajak turu | lawan ingkang ngajak gêsang | tunggale kang ngajak mati ||

27. Sapa kang karya ambêgan | wit udara mênêng datan lumaris | obahe iku kêtundhung | dening maujud liyan | iya iku tunggale kang ngajak lampus | nêbut ênênging udara | dadyambêkan manjing mijil ||

28. Lira-liru tan apêgat | tuhu manjing Allah wêdalirèki | apan Daim arannipun | puji tan kênèng pêgat | cêdhak lawan susuh angin dunungipun | yèku marga parapatan | kumpuling rahsa sakalir ||

29. Sigêg ing pamaosira | pangkur barang tumbuk rarasing gêndhing | têtangga èstri myang jalu | ingkang samya miyarsa | sru karênan kang radi têbih angruruh | labêt katêmbèn miyarsa | swara rum amuluh rujit ||

30. Lawan lagu jroning praja | titih cêtha rèntès tatas dumêling | kathah kang samyarsa (n)dulu | marang kang darbe swara | ana kandhêg ing plataran ana laju | mring (n)dhapa tumut linggihan | èstri jalu maring panti ||

31. Panglocitaning wardaya | timbang têmên swara lan warnanèki | ki santri dhasare bagus | bêsuse manut sarak | ana ingkang kawêtu pangalêmipun | rencange nambungi sabda | iku durung animbangi ||

--- 3 : 139 ---

32. Lawan kae ingkang ana | lore cakêt kang (ng)gigit jambe wangi | e e iya kalah bagus | lawan kalah guwaya | mau sore adan ana masjid agung | swara rum rênyah ngumandhang | cèngkêt-cèngkêt amantêsi ||

33. Sing maca iku kang kamad§ Prayoginipun / kamat /. | ora bêsus lagune anyantrèni | nahan pra dyah kèh kayungyun | mumuji lêstarinya | nèng Kajoran dumadya kêmbanging kidung | wus kèndêl dènnira maca | kang miyat wus samya mulih ||

34. Mas Cêbolang lon lingira | ulun uning Sêrat Suluk Hartati | dèrèng mêningi satuhu | ingkang kados punika | sintên ingkang mêdharkên suraosipun | ênggèr ing saèstunira | inggih Panêmbahan ngriki ||

35. Manthuk-manthuk Mas Cêbolang | e lah kados murad raosnya mathis | kalamun dèrèng linuhung | sok kaduk kadhang kirang | sanès ingkang kula aturkên puniku | wontên ciri etang Bangas | lawan etange kang ari ||

36. Winastanan dintên gêsang | dintên sêdhêng kalawan dintên lalis | kadiparan etangipun | sawêg nêmbe punika | ulun uning etangan kadi puniku | ki wisma mèsêm lingira | sêkar Lonthange gumanti ||