Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

208. Lonthang

1. êtang Bangas duk ing nguni kalanira | Kanjêng Nabi Muhkamad dinil Mustapa | anglampahi ngluwêng nèng sajroning wisma ||

2. Lamènipun anèng ing luwêng sawarsa | malêbêting sawulan ngunjal uswasa | sabên ngunjal uswasa Bangas namanya ||

3. Wulan Sura tanggal ping sawêlas Bangas | wulan Sapar Bangas tanggal kalihdasa | Mulut kaping sapisan gangsalwlas Bangas ||

4. Rabya-akir Bangas tanggal ping sadasa | lawan kaping kalihdasa Bangasira | mangkya wulan Jumadiawal Bangasnya ||

5. Tanggal kaping sadasa lan ping sawêlas | wulanira Jumadiakir panudya | ping sadasa lan kawanwlas Bangasira ||

--- 3 : 140 ---

6. Wulan Rêjêb tanggal tigawêlas Bangas | lawan kaping pitulikur Bangas uga | Ruwah ping pat lan ping wolulikur Bangas ||

7. Siyam kaping sanga lan ping kalihdasa | samya Bangas Sawale tanggal sakawan | lawan kaping sadasa sami Bangasnya ||

8. Sêla kaping dwi lan ping dwilikur Bangas | wulan Bêsar kaping nêm lan ping sadasa | samya Bangas jangkêp kalihwêlas candra ||

9. Bilih ngriki yèn wontên kang darbe karya | amamantu angislamkên èstri priya | sasaminya gadhah damêl kang kadyèka ||

10. Kêdah-kêdah nyingkiri Bangas punika | wus katêlah tan wontên purun nêrak-a | ingkang nêrak dilalah kirang sakeca ||

11. Mas Cêbolang (n)dhêku mèsêm awacana | kados pantês kalamun dèn-èstokêna | wit wawaton sangking Kanjêng Nabi duta ||

12. Kyai ingkang winastanan dintên gêsang | dintên sêdhêng kalawan dintên palastra | winêdharna kadiparan lampahira ||

13. Ki wisma ngling kang dhingin kêdah uninga | nêptunipun dintên myang pasaranira | kinumpulkên ginunggung dadya sajuga ||

14. Akat gangsal Sênèn catur Slasa tiga | Rêbo sapta Kamisipun nêptu astha | Jumungah nêm Saptu nêptu asêsanga ||

15. Kaliwone punika nêptunya astha | Lêgi gangsal Paingipun nêptu sanga | Pon pipitu Wage sakawan nêptunya ||

16. Gunggungipun nêptu dintên myang pêkênan | bilih cocog kalawan tanggale candra | lah punika winastan gêsanging dina ||

17. Bilih datan cèplês lawan tanggalira | nanging sami jangkêp utawi gathètnya | lah punika winastan sêdhêng kewala ||

18. Kang winastan dintên pêjah lah punika | saupami gunggung gathèt dhawahira | tanggal jangkêp utawi jangkêp gunggungnya ||

19. Dhawah tanggal gathèt yèku pêjah uga | tanggal pisan dumugi ping nêm punika | amung dhawah sêdhêng utawi palastra ||

--- 3 : 141 ---

20. Tanggal kaping sanga lan dumuginira | tanggal kaping tigangdasa datan darbya | dintên gêsang amung sêdhêng lan palastra ||

21. Wit nêptuning dintên lawan pêkênannya | yèn gunggung kang sakêdhik pyambak sapta | ingkang kathah pyambak wolulas punika ||

22. Slasa Wage punika kapanggih sapta | bilih dhawah wontên tanggal kaping sapta | (ng)gih punika winastan gêsanging dina ||

23. Bilih dhawah tanggal gathèt sêdhêng rannya | mangka dhawah tanggal lan jangkêp punika | kang winastan anuju dintên palastra ||

24. Sênèn Wage lawan Slasa Lêgi samya | gunggungipun pan sami kapanggih astha | dhawah tanggal ping wolu gêsang namanya ||

25. Bilih dhawah tanggal jangkêp sêdhêng rannya | mangka dhawah ing tanggal gathèt punika | winastan panuju dintên palasura ||

26. Akat Wage Sênèn Lêgi samya sanga | ri kakalih bilih dhawah tanggal sanga | lah punika dintên gêsang wastanira ||

27. Mangka dhawah tanggal gathèt sêdhêng rannya | bilih dhawah ing tanggal jangkêp punika | wastanipun saèstu dintên palastra ||

28. Akat Lêgi kalawan Salasa Ponnya | tuwin ari Jumungah Wage punika | nêptunipun sami nyadasa sadaya ||

29. Dhawah tanggal ping sadasa dintên mulya | mangka dhawah tanggal jangkêp sêdhêng rannya | lamun dhawah tanggal gathèt ri palastra ||

30. Sênèn Êpon kalawan Slasa Kliwon |§ Prayoginipun / Kliwonnya / njangkêpi kiranging sawanda guruwilangan. Rêbo Wage Jumungah Lêgi punika | nêptunipun sami nyawêlas sadaya ||

31. Lamun dhawah tanggal sawlas gêsang rannya | dhawah tanggal gathèt sêdhêng ranning dina | dhawah tanggal jangkêp yèku ri palastra ||

32. Akat Êpon Sênèn Kliwon lan Salasa | Paing miwah Rêbo Lêgi Kêmis Wage-nya |Lebih satu suku kata: Paing miwah Rêbo Lêgi Kmis Wage-nya. nêptunipun sami ngalihwlas sadaya ||

33. Dhawah tanggal kalihwlas gêsanging dina | bilih dhawah tanggal [tang...]

--- 3 : 142 ---

[...gal] jangkêp sêdhêng rannya | dhawah tanggal gathèt ran dintên palastra ||

34. Akat Kliwon Sênèn Paing Kêmis Gula | myang Jumuwah Êpon Saptu Wage samya | nêptunipun nigawêlas sadayanya ||

35. Dhawah tanggal tigawlas gêsanging dina | dhawuh tanggal gathèt pan sêdhêng kewala | dhawah tanggal jangkêp ri pêjah punika ||

36. Akat Paing kalawan Rêbo Ponnira | myang Jumuwah Kaliwon Saptu Lêgi-nya | nêptunipun pan ngawanwêlas sadaya ||

37. Dhawah tanggal kawanwlas ri gêsangira | mangka dhawah tanggal jangkêp sêdhêng rannya | dhawah tanggal gathèt ran dina palastra ||

38. Rêbo Kliwon kalawan Kêmis Êponnya | myang Jumuwah Paing ri katri pan samya | nêptunipun anggangsalwêlas sadaya ||

39. Nuju dhawah ping gangsalwlas gêsang rannya | dhawah tanggal gathèt sêdhêng namanira | dintên pêjah yèn dhawah jangkêp tanggalnya ||

40. Rêbo Paing Kêmis Kaliwon kalawan | Saptu Êpon katri ari iku samya | nêptunipun apan nêmbêlas sadaya ||

41. Dhawah tanggal nêmbêlas gêsang rannira | bilih dhawah tanggal jangkêp sêdhêng nyata | dhawah tanggal gathèt ran dintên palastra ||

42. Kêmis Paing kalawan Saptu Kliwonnya | nêptunipun ari kakalih punika | etangira apan ta mitulas samya ||

43. Dhawah tanggal pitulas gêsang rannira | lamun dhawah tanggal gathèt madya rannya | dhawah tanggal jangkêp pêjah ingkang dina ||

44. Amungkasi ing dintên Sabtu Paing-nya | nêptunipun wolulas tan wontên nyama | bilih jêntus tanggal wolulas punika ||

45. Winastanan ing dintên gêsang punika | dhawah tanggal jangkêp sêdhêng ranning dina | dhawah tanggal gathèt ran ari pralaya ||

46. Sampun titi etangan dintên waluya | lawan dintên ingkang winastanan madya | atanapi dintên winastan palastra ||

--- 3 : 143 ---

47. Angsaripun ing dintên gêsang punika | sagêt ngêndhihakên Rakam kang tan yoga | myang Pandangon§ Prayoginipun / Padangon. tanapi Sangar rannira ||

48. Saupami Sênèn Lêgi kaping sanga | gih punika dintên gêsang namanira | toh Rakame dhumawah etang palastra ||

49. Rakam Sangar Pandangon§ Prayoginipun / Padangon. tan dadya bahya | sampun sirna kalindhih gêsanging dina | ya walahual sumanggèng Hyang Suksma ||§ Prayoginipun / walahu'alam / [ ya walahu'alam sumanggèng Hyang Suksma ].

50. Mas Cêbolang andhêku nuwun aturnya | anambahi indhaking sêrêpan§ Prayoginipun / sêsrêpan /. kula | sadayèku utami dènèstokêna ||

51. Ki Martaka angling lah anak sumangga | lèlèh-lèlèh§ Prayoginipun / lèyèh-lèyèh /. anêntrêmakên sarira | bokmanawa punika mèh tabuh tiga ||

52. Tamunira wus mapan sèlèh mastaka | anèng lêmir saliyêpan gya miyarsa | bêdhug tiga gumregah tangi sadaya ||

53. Maring lèpèn bubucal suci sarira | sawusira gya mring masjid lan ki wisma | dupi prapta plataran sarêng têdhaknya ||

54. Sang minulya nênggih Panêmbahan Rama | Ki Martaka kalawan tamu sadaya | gya tumuntur manjing ing masjid sadaya ||

55. Mas Cêbolang adan Nurwitri kang kamad§ Prayoginipun / kamat /. | kang ngimami nênggih Panêmbahan Rama | wus paragat wêktu Subuh byar raina ||

56. Para santri atur salam sadayanya | kang mungkasi Mas Cêbolang sarowangnya | Ki Martaka manêmbah alon turira ||

57. Ulun atur uninga wontên dhatêngan | santri saking Kêdhu tyang gangsal cacahnya | dènnya matur ing purwa têkèng wasana ||

--- 3 : 144 ---

58. Panêmbahan sukèng tyas marwata-suta | baya ingkang adan kamad§ Prayoginipun / kamat /. mau ika | layak kadi lalagone Ngèksiganda ||

59. Tinimbalan sadaya sampun mangarsa | pan dinangu namane sajuga-juga | Panêmbahan nulya kondur lan tamunya ||

60. Pinarnahkên pondhoke nèng kidulira | langgar alit ing sakilènning pandhapa | sasêgahe tan ana ingkang kuciwa ||

61. Nahên ta wus watara ri laminira | Panêmbahan mring Cêbolang asih trêsna | pan rinakêt sang kasmaran ngèlmi nyata ||

209. Asmaradana

1. Anuju sajuga ari | sabakdane wêktu Ngisa | kapasangyogya basane | pangran pinarak ing langgar | mung lawan Mas Cêbolang | pangran angandika arum | sira jêbèng apa lawas ||

2. Ênggonmu anèng ngasrami | Kêpurun Ajar Sutiksna | apa isih kadi biyèn | sugih endhang endah-endah | tur padha prawan kênya | anak lurah bêkêl dhusun | pinrih ngalappa pitêdah ||

3. Pratikêle wong akrami | widada winêngku priya | nganti kakèn ninèn-ninèn | adate kang wus kalakyan | samya manggih raharja | tan ana sangsayanipun | nambut silaning ngakrami ||Guru lagu seharusnya: 8a, nambut silaning ngakrama.

4. Mas Cêbolang matur aris | nuwun inggih kasinggihan | kathah èstri anèm-anèm | bêsus amiturut sarak | nalika amba prapta | samya angladosi bikut | pasaja sasolahira ||

5. Sarampunge angladosi | lajêng tan ana katingal | kalangkung eram tyasingong | ajrih nyuwun sasêrêpan | Ki Ajar tan kilapan | kang dadya kalêthêkulun | wasana mèsêm ngandika ||

6. Kawontênaning pawèstri | binabar angandhar-andhar | kaduk cucut ngandikane | ulun lajêng nyuwun bêrkah | pitêdah pamilih dyah | saha ing rumêksanipun | ngantos dumugi susuta ||

7. Wus winêdhar sadayèki | sapta ri nèng padhepokan | kawula lajêng lumèngsèr | kampir dhumatêng Prambanan | umiyat rêca-rêca | myang candhi ing dalunipun | mondhok griyanipun lurah ||

--- 3 : 145 ---

8. Enjinge lajêng lumaris | pikantuk palaling Sukma | botên nyana botên dipe§ Prayoginipun / (n)dimpe / utawi / (n)jimpe /. | dumugi krajan Kajoran | kalangkung sukuring tyas | awit nalika nèng ngênu | sru ngonggo-onggo ing manah ||

9. Pangandikanya ki wasi | asal wijiling manungsa | tan arsa amêdharake | kalimud§ Prayoginipun / kalimput /. ing calêmêdan | labêting punggung mudha | tyas sigêg tan purun matur | kumaki ing tyas piyagah ||

10. sarêng ulun ngaos§ Prayoginipun / raos /. yêkti | têka dèrèng paja-paja | Ki Ajar pangandikane | muhung tata kalairan | saking pamanggih amba | Ki Ajar uningèng sêmu | ulun sampun anarima ||

11. Panêmbahan lingira ris | mara kulup wahyakêna | Ajar Sutiksna kandhane | Mas Cêbolang gya amêdhar | purwa praptèng wasana | dhuh pukulun kêplokipun | mugi paringa pitêdah ||

12. Panêmbahan suka myarsi | arum ingkang pangandika | wong pasaja kèh bêcike | aja pakewuh tyasira | nadyan ran calêmêdan | dadi pambukaning ngèlmu | aran kawruh kasunyatan ||

13. Gaib karsaning Hyang Widdhi | kama korut saking priya | katampan baganing wadon | ingkang banjur dadi bocah | èstu kamaning priya | dene ta nalikanipun | kama isih anèng priya ||

14. Têka nora dadi bayi | piridan carita Buda | tumbuke lan panêngêne | ing jaman Dupara-yoga | jamaning kamokalan | kono manungsa witipun | suda ing kasaktènira ||

15. Anganggo badan jasmani | awit amangan wowohan | têtuwuhan bumi kiye | wêkasan sangsaya lawas | karsa saya tumangkar | padha tuwuh akalipun | cumbanane lan wanita ||

16. Padha laku raga sami | sang wanita iya mawa | sarana (ng)garbini rêke | turuning wiji kacrita | namakkên nênging cipta | sapandurat dangunipun | iku daya panggèndèngnya ||

17. Lagi kwasa narik wiji | sumuruping wiji nulya | kawawa mor sarahsane | kalawan Sang Hyang Pramana | rumêsêp mring utêgnya | gya rêmbês mring panonnipun | kang aran panon

--- 3 : 146 ---

têgêsnya ||

18. Warih sari sêsarining | utêg kang dumunung ana | satêlênging manik kiye | kataman panusupira | wijining kang manungsa | panon tan kawasa mêngku | têmah kawêdalkên sigra ||

19. Kang tartamtu anambahi | karsa marang sacumbana | kalamun cinêgah kuwe | wimbuh umubing pramana | myang amimbuhi marang | muncaring pangèksinipun | yèn dènbanjurkên cumbana ||

20. Èstu banjur dadya bayi | lawan jêbèng kawruhana | iku mani satuhune | dudu panunggiling rahsa | uyuh kalawan ludhah | mangkene piridanipun | manungsa kalamun nadhah ||

21. Samubarang kang binukti | saka kiraning tyasingwang | tumuli kinukut dene | rahsaning Sang Hyang Pramana | kang na antarèng têlak | banjur tinarik dumunung | ana utêking manungsa ||

22. Ing kono kawasa nuli | sumêbar sumrambah jasad | kasaring pangan tinampèn | wadhuk gya kapinta-pinta | ingkang awarna ampas | dadi susukêr puniku | warna warih dadya turas ||

23. Kama dadining babayi | kala alam Tirta-yoga | amiraos ing têgêse | jati-jatining kasidan | miturut surasanya | layang Jitabsara luhung | warahe dyah Rukmawatya ||

24. Kang banjur kinarang dening | Sang Bagawan Palasara | ing NgêrtawuNgrêtawu = Rêtawu. dhêdhepoke | karingkês surasanira | Wiyosewiyose. kang pinurwa | Sang Hyang Pramana puniku | yèn kataman srêping daya ||

25. Pêngkuhing kahananèki | yèn kataman daya panas | têmah kumaringêt kuwe | mungguh kringêting Pramana | yèku mani rannira | mangkya mani yèn kapanduk | daya asrêp pupul nulya ||

26. Kêna daya panas nuli | kawawa amèr kang rahsa | mungguh amèr lan pupule | mahanani kumulitnya | kumuliting mani pan | iku ingaranan jantung | barêng kêna daya panas ||

27. (n)Darbèni karingêt singgih | kringêting jantung kawawa | mahanani ampêrune | kiwa têngên jantung (ng)gènnya |

--- 3 : 147 ---

karodene sadaya | jêrowan satuhunipun | saka jantung kawitira ||

28. Rasa ing ngalami-lami | jantung kawawa ambabar | bayu otot myang sungsume | sakèhe parabot angga | sakojuring kang wanda | paripurnane puniku | nulya awarni gumana ||

29. Iya rupaning babayi | dene kang ran Hyang Pramana | sajatine panuksmane | Sang Bathara Tri-purusa | kang aran Tripurusa |§ Ingkang kacetak miring [kang aran Tripurusa] kapêndhêt saking Cênthini-Radyapustaka, jalaran ing babonipun ingkang kalatinakên kacicir satunggal gatra wau. têgêse santosanipun | campuran rupa titiga ||

30. Kang aran campuran katri | têtêmbungan ingaranan | trimurti dene têgêse | alus têtêlu sanyata | yèn têmbung Sansêkrita | ingaran AUMA iku | têgêse ingkang mangkana ||

31. /A/ gêni têgêsirèki | /U/ toya iku têgêsnya | /MA/ angin apan têgêse | dadi kaananing kama | tumbuke wirit Arab | yèn binalik têmbunganipun |Lebih satu suku kata: yèn binalik têmbungipun. tumuwuhe dadi bocah ||

32. Johar-awal ingkang dhingin | têgêse sotya awitan | Nukat-gaib ping pindhone | wêrdi wiji pipingitan | Manikêm katrinira | saka ing pangiraningsun | ampasing Nukat-gaiba ||

33. Wardi ing sakawanèki | saka kira-kiraningwang | ampasing Manikêm kuwe | Madi kaping limanira | ampasing Wadi ika | Mani jangkêp nênêmipun | ampasing Madi sanyata ||

34. Ananging bênêr ki wasi | rêmpit wijining manungsa | pinêthêt samono bae | rèhning ingsun lawan sira | basane sujalma ngam | amung apês darbèkipun | kadohên ingkang pambalap ||

35. Mungguh wong kang kaya mami | bab ing nalar elok langka | tan susah pinikir bae | mundhak gawe ribêting tyas | nir karya tan paedah | bêcik sigêg gênti ngrêmbug | crita mirit basa Arab ||

36. Ingkang aran Dalil Kadis | Ijêmak kalawan Kiyas | mungguh bukaning cariyos | kang dhingin saka Kiyasan | murad lan maksudira | nukil lan surasanipun | sorahe kitab kang aran ||

37. Adakaikbul-akaik | kacarita têgêsira | jatining alus yêktine | ana maning ingkang saka | kiyasan muradira | maksuding surasanipun | nukil lan sorah ing kitab ||

--- 3 : 148 ---

38. Ngakaikul-ikbar nami | wêrdi alusing carita | mungguh kitab loro kuwe | condhong ing surasanira | mratelakakên padha | Kadis wulang sabdanipun | (n)Jêng Nabi nayakaningrat ||

39. Winêjangkên Sayid Ngali | dhinawuhan ngèstokêna | ananing Dat satuhune | kasêbut Dalil sapisan | wangsitira Pangeran | Kang Maha Mulya Mahagung | Sinom tinêmbungkên Jawa ||

210. Sinom

1. Sajatine nora nana | apa-apa wit duk maksih | awang-uwung durung ana | ing sawiji-wijinèki | dene kang ana dhingin | datan liya iku Ingsun | ora ana Pangeran | iya mung Ingsun pribadi | sajatine Êdat Ingkang Maha Mulya ||

2. Nglimputi ing sipatingwang | nartani ing Asma-mami | mratandhani Apêngalingwang |Lebih satu suku kata: mratandhani Apngalingwang. apa sira wus mangrêti | Cêbolang matur aris | èstu amba dèrèng (ng)gayuh | Ingsun sintên punika | utawi malih kang nami | Êdat Sipat Apngal awarni punapa ||

3. Èh ta kulup kawruhana | ing bab layang têmbung Jawi | lawan kitab têmbung Arab | iku ing suraosnèki | kèh pasêmon nglimputi | ganêpe pangêrtinipun | kudu angawruhana | basa kang patang prakawis | lapal makna murat maksud kang sanyata ||

4. Kang binasakkên ngandika | tan ana Pangeran malih | yêkti amung Ingsun dhawak | mungguhing sajatinèki | Êdat Kang Maha Suci | puniku satuhunipun | urip kita pribadya | yêkti katitipan dening | rahsaning Dat Kang Agung Kang Maha Mulya ||

5. Kang anglimputi ing Sipat | ya rupa kita pribadi | satuhune kawimbuhan | warnaning Dat ilok gaib | nartani Asma-mami | puniku têmênnipun |Kurang satu suku kata: puniku têmênanipun. nama kita pribadya | diaku lan diêngkoki | sasêbutanira Êdating wisesa ||

6. Ingkang mratandhani Apngal | solah bawèngsun pribadi | anelakakên pakaryan | Êdat kang sampurna jati | mula babasanèki | wahananing Dat puniku | anyamadi kang Sipat | Sipat puniku nartani | maring Asma Asma mratandhani Apngal ||

--- 3 : 149 ---

7. Apngal punika kang dadya | wahananing Êdat yêkti | dene Êdat ênggonira | nyamati Sipatirèki | puniku saupami | madu lawan manisipun | yakti tan kêna pisah | de sipat dènnya nartani | maring Asma puniku upama surya ||

8. Kalawan sosorotira | sayêktine nora kêni | kalamun binêdakêna | dene ta Asma puniki | dènnira mratandhani | Apngal yèku paminipun | kadi dene paesan | kang ngilo lan kang nèng carêmin |Lebih satu suku kata: kang ngilo lan kang nèng carmin. sayêktine solah bawa nora beda ||

9. Dene Angsal ênggonnira | dadya wahananing Dat-i | yèku upama samodra | kalawan ombakirèki | sayêkti wahananing | umbak punika pan manut | saêrèhing samodra | dene ta sajatinèki | kang aran Dat tajalinira Mukhamad ||

10. Jatine kang ran Mukhamad | wahananing cahya wêning | kang anglimputi ing jagat | dumunung nèng Urip-mami | yèku Urip pribadi | nir kang nguripi èstu | mula kuwasa miyat | myarsa angganda lan malih | angandika ngraoskên saliring rahsa ||

11. Puniku sadayanira | saka kodrating Datmami | mangkono kulup jarwanya | Datira kang Maha Suci | dènnira aningali | datanpa netra satuhu | nanging mokal yèn wuta | iya iku muhung saking | panguwasa angagêm ing netra kita ||

12. Ênggonnira amiyarsa | datanpa karna kakalih | nanging mokal yèn tuliya | muhung ngagêm karna-mami | dènnya (ng)ganda sakalir | datanpa grana saèstu | mokal lamun sumpêta | iya iku muhung saking | kang ingagêm saèstune grana kita ||

13. Ênggonira angandika | datanpa lesan sayêkti | nanging mokal yèn bisua | iya iku muhung saking | ngagêm ing lesan-mami | dènnya ngraoskên sadarum | rahsa tanpa dunungan | ananging mokal yèn sunyi | iya iku muhung nèng pangraos kita ||

14. Tamat Dalil kang kapisan | sukèng tyas kang sinung wangsit | manêmbah aris turira | pangawruh ingkang kawijil | wasta ngèlmi punapi | kitap arankita paran. têgêsipun | sang pangeran lon ngandika | kawruh kang mangkono kaki | ingaranan Wisikan Nananingananing. Êdat ||

--- 3 : 150 ---

15. Dene ta kang têmbung kita | saka kirane tyasmami | iku kinarya timbangan | têmbung Ingsun jarwamami | ngarani aku iki | wijange mangkene kulup | têmbung Ingsun têgêsnya | aku nanging aku-Gusti | basa kita uga aku ning kawula ||

16. Dalil kapindho winarni | iya mirid nukil saking | ing sorah sorahing kitab | ran Dakaikkul akaik | utawa kitab nami | Dakaikkul akbar iku | tunggal kasêbut ngarsa | condhong ing surasanèki | mratelakkên wangsiting Hyang Maha Mulya ||

17. Maring (n)Jêng Nabi Muhkhamad | mangkene têmbunge Jawi | Sajatine Ingsun Êdat | kang murba amisesani | kang kwasa nitahkên mring | ing sawiji-wijinipun | dadi ing sanalika | sampurna ing kodratMami | ing kono wus kanyataan pratandhanya ||

18. ApngalIngsun kang minangka | bubuka iradatMami | dhingin Sun-nitahkên jaksa | aran Sajaratul-yakin | tumuli ing sajroning | aran Ngalam Ngadam Makdum | Ajali-abadi-ya | nuli cahya luwih wêning | cahya wau ingaranan Nur Muhkhamad ||

19. Nuli anitahkên kaca | aran Miratul-kayai | nulya anitahkên nyawa | iku aran Roh-ilapi | gya damar aran Kandil | gya sotya ran Darah iku | anuli dhindhing-jalal | aran Kijab sadayèki | kang minangka warana kalaratIngwang ||

20. Mungguh Dalil kang mangkono | wêrdine kasêbut wiwit | kang rumuhun ingkang aran | kayu Sajaratul-yakin | tumuwuh ing sajroning | Ngalam Ngadam Makdum mau | Ajali abadi ka | têgêse Kayu sajati | tumuwuh ing jagad sunya ruri nyata ||

21. Isih awang-uwung nyata | ing salami-laminèki | kono ing kaanan kita | iya iku khakekati | Dat-mutlak ingkang kadim | têgêse sajatinipun | Dat kang dhingin priyawak | yèku Dating Atma yêkti | dadi wahananing alam Wakidiyat ||

22. Kang kapindho Nur Muhkhamad | wêrdi cahya kang pinuji | ana ing Kadis kacrita | lir pêksi mêrak kang warni | manggon ing sadalêming | sosotya kang pêthak mancur | dumunung arah-arah | ingkang Sajaratul-yakin | sayêktine iku kakekating cahya ||

--- 3 : 151 ---

23. Ingaku ajalining Dat | nèng sajroning nukat-gaib | minangka sipating Atma | apan dadi wahananing | Ngalam-wahdat sajati | dene kaping tiganipun | Miratul kayai ka | têgêse Kaca-wirangi | kasbut Kadis nèng ngarêpe Nur Muhkhamad ||

24. Kakekat ingkang pramana | ingakên Rasaning dat-i | minangka Asmaning Atma | apan dadi wahananing | Ngalam-wakadiyati | nahan ta kang kaping catur | Roh-ilapi têgêsnya | sasandhaning nyawa yêkti | iya iku nyawa kang wêning gumilang ||

25. Ing dalêm Kadis kacrita | asalira iku saking | Ênur Muhkhamad sanyata | kakekating Sukma yêkti | kang ingakên-akêni | kaananing Dattul-wujud | mangka Apngaling Atma | dumadya wahananèki | Ngalam-arwah kaping lima kang winarna ||

26. Kandil têgêsira dilah | yèku Dilah tanpa api | ing dalêm Kadis kacrita | awarna sosotya adi | mancur mancorong wêning | gumantung nir canthèlipun | ing kono kaanannya | Ênnur Muhkhamad lan malih | ênggèn pakumpulaning êroh sadaya ||

27. Puniku kakekatira | angên-angên kita iki | ingakên wayanganing Dat | minangka êmbanannèki | Atma kasêbut ngarsi | dadya ing wahananipun | alam-misal sanyata | gantya ênême winarni | aran Darah têgêse iku sosotya ||

28. Ing dalêm Kadis kacrita | darbe sorot mancawarni | padha kanggonan Malekat | iku kekekatingkakekating. budi | ingaku paesaning | Êdat Ingkang Maha Luhur | minangka wiwaranya | Atma dadya wahananing | ngalam-ajsan gumantya ingkang kasapta ||

29. Basa Kijab ingaranan | Dhindhing jalal têgêsnèki | warana kang agung ika | kacarita ana Kadis | mêtu saka sotya di | kang amancawarna mau | ing nalika mosik samya |Lebih satu suku kata: nalika mosik samya. nganakkên tri warnanèki | siji uruh§ Prayoginipun / urub /. loro kukus têlu toya ||

30. Iku kakekating jasat | ingakên wrananing Dat-i | mangka sêsandhaning atma | dumadya ing wahananing | kang ngalam-insan-kamil | Dalil kapindho wus putus | apa maning rinasan | Mas Cêbolang turira ris | kula dèrèng mangrêtos ingkang rinasan ||

--- 3 : 152 ---

31. Uruh§ Prayoginipun / urub /. kukus lawan toya | mangka ing pamyarsamami | saha kang sampun kalimrah | kang winastan jasat jalmi | kulit daging myang gêtih | otot bayu balung sungsum | mênggah sulayanira | têtêmbungan kang kadyèki | mugi-mugi karsaa paring katrangan ||

32. Panêmbahan suka myarsa | pangandikanira aris | mungguh ing patakonira | kang kasêbut layang Wirid | pratelanira saking | Ijêmak lan Kiyas-ipun | pangkating Dhindhing jalal | warna urub kukus warih | padha dadi têlung warana winarna ||

33. Ingkang dhingin uruh§ Prayoginipun / urub /. apan | mêtokkên tri pangkat iki | sawiji ran Kijab-kisma | wahyaning jasad ing (n)jawi | kaya ta kulit daging | miwah ing sasaminipun | dwi Kijab-rukmi dadya | wahyaning jasad jro yêkti | utêg manik manah sapanunggilannya ||

34. Katri aran Kijab-rêtna | iku dumadya wahyaning | jasat kang lêmbut sanyata | kaya ta mani lan gêtih | sungsum sasaminèki | dene kang kapindho kukus | amêtokkên tri pangkat | siji Kijab pêtêng dadi | wahananing napas sapanunggilannya ||

35. Loro Kijab-guntur dadya | wahnaning pancadriyèki | têlu Kijab-gêni dadya | wahnaning nêpsunirèki | dene kang kaping katri | Toya amêtokkên iku | tri pangkat siji aran | Kijab-êbun banyu-urip | apan dadya wahananing Sang Hyang Sukma ||

36. Lorone Kijab-nur-rahsa | kahananing rahsa jati | katêlu Kijab-nur-cahya | kang luwih padhang dumadi | kahnaning Atma dadi | kabèh kang kasêbut ngayun | iku warananing Dat | dumunung nèng Insan-kamil | têgêsira kasampurnaning manungsa ||

37. Dalil kapindho wus tamat | iku kaki diaranni | wêdharan Ananing Ngêdat | sarèhning wus lingsir ratri | prayoga aso dhingin | manêmbah kang sinung wuwus | Cêbolang mring pondhokan | Panêmbahan manjing panti | wanci Subuh wangsul malih maring langgar ||

38. Pra santri myang tamunira | gumarubyug samya prapti | gita ngambil toya kadas | Nurwitri nulya (m)bawani | adan angalik-alik | swara lantas wilêt arum | sawuse samya sunat | Mas Cêbolang [Cêbo...]

--- 3 : 153 ---

[...lang] kamad§ Prayoginipun / Kamat /. aglis | gya angangkat waktu Subuh imamira ||

39. Tan lyan Panêmbahan Rama | Luhur Ngasar myang Mahribi | atanapi wêktu Ngisa | Panêmbahan angimami | ing sabên-sabên ari | tan na gothang wêktunipun | santrine langkung kathah | sru rêsêp talabul-ngèlmi | Panêmbahan alim sawarnining kitab ||

40. Mas Cêbolang nèng Kajoran | nora mantra-mantra lagi | nêmbe prapta puruita | wus kadi suta kinasih | lulut nir walangati | kasêngsêm marsudi kawruh | supe nadhah myang nendra | mung piwulang kang kaèsthi | condhonging tyas tansah gandhèng pangawikan ||

211. Kinanthi

1. Ing ari sajuga nuju | bakdaning waktu Ngasar-i | Panêmbahan munggèng langgar | Cêbolang tansah nèng ngarsi | lawan santrinya sakawan | Mas Cêbolang matur aris ||

2. Punapi wontên pukulun | kitab-kitab sanèsnèki | ingkang anyêbut mangkana | Panêmbahan ngandika ris | ana ingkang wus kawêdhar | amèt kikiyasan saking ||

3. Murad lawan maksudipun | kitab aran Bayan-alip | datan cèplês surasanya | kêna binasakkên naming | amomor-misah kewala | minangka timbangan ngarsi ||

4. Rumuhun Alip puniku | lairing sipatolahi | kayêktèning wujudira | sumendhe ing ngalam kabir | dadi kaananing nukat | têgêse musthika adi ||

5. Ingkang binasakkên mau | musthika punika budi | kapindho Nukat winarna | puniku lairing budi | sumandha ananing ngalam | sahir dadya kaananing ||

6. Darah yèku têgêsipun | sayêkti rêtna kang adi | ingkang binasakkên rêtna | yèku jinêm karêpnèki | angên-angên wastanira | nandhani uriping budi ||

7. Katri Darah kang winuwus | laire jinêm sayêkti | sumandha ing budi dadya | kaananing rohirèki | têgêse roh apan Suksma | kang binasakkên Suksmèki ||

--- 3 : 154 ---

8. Puniku nyawa saèstu | mratandhani anguripi | angên-angêning manungsa | catur Êroh kang winarni | puniku lairing Suksma | sumandha ngên-angên dadi ||

9. Kaananing sir puniku | têgêse rahsanirèki | ingkang binasakkên rahsa | tarlèn muhung pangrasaning | ing babahan hawa-sanga | tandha uriping nyawèki ||

10. Panca sir ingkang winuwus | lairing rahsa sayêkti | apan sumandha ing Suksma | kaananing iman-mami | têgêse santosa tama | yèku pramananirèki ||

11. Basa Pramana puniku | sangkêping pancadriyèki | nandhani gêsanging rahsa | kaping nêm ingkang ginupit | nênggih lairing Pramana | sumandha ing rahsa jati ||

12. Dadi kaananing Ênur | têgêse cahya kang wêning | ingkang binasakkên cahya | iku sulaking netra dwi | tanda uriping Pramana | dene Pramana puniku ||

13. Misesa ing sarirèku | nunggal ênggon lan rahsa di | samya mungging jroning jiwa | ingibaratakên kadi | simbar tuwuh anèng wrêksa | ananging iku pinasthi ||

14. Nir nandhang saniskarèku | luwe sasaminirèki | baya pisan kalabêtan | amung yèn nandhang saliring | asakit tan nut kalêsyan | têrkadhang ginggang saking wit ||

15. Ngalumpruk kawuryan alus | kalawan manawa nganti | kagingsiran ing pramana | sarira lungkrah ngalêntrih | nora andarbèni karkat | yèn sirna karkating dhiri ||

16. Kari karkating Suksma gung | lamun karkating Suksma nir | kari karkating kang rahsa | pama karkating rahsa nir | kari karkating Pramana | yèn karkating Pramana nir ||

17. Wus pinasthi ingkang kantun | karkating Atma sajati | kasapta nur kang winarna | iku lairing cahya ning | aran Pranawa sajatya | sumandha Pramana jati ||

18. Dadi ing kaananipun | Duryat têgêse puniki | papadhange ingkang cahya | ingkang binasakkên kaki | padhanging cahya sanyata | purbaning Atma sajati ||

--- 3 : 155 ---

19. Kaastha Duryat liripun | lairing Suksma sajati | apan sumandha ing cahya | dadya kaananing Dat-i | wêrdi kandha basa kandha | jênggêrênging sipat jati ||

20. Kasanga Êdat puniku | laire Sipat sajati | dumadya kaananira | Nukat-gaib têgêsnèki | musthika adi kang samar | musthika kang samar yêkti ||

21. Nyataning rupa satuhu | kinêkêr jro alam sahir | iku pan urip pribadya | nora nana kang nguripi | ibarat tanpa antara | lan uriping Suksma jati ||

22. Tunggal sasana satuhu | tan pisah salaminèki | kasadasa pungkasannya | Nukat-gaib kang winarni | lairing rupa sanyata | sumandha ing Dat sajati ||

23. Dumadi kaananipun | ing cahya mancur nêlahi | gumilang nir wawayangan | iya iku Tajali-ning | Pangeran kang asipat Sa | têgêse sipat sawiji ||

24. Kang binasakkên Sa iku | dudu jalu nora èstri | muhung dumunung nèng kodrat | iradat kita pribadi | têgêse saka kawasa | -ning karsa kita pribadi ||

25. Tamat murat maksutipunmasrutipun. | punang kitab Bayan-alip | kadiparan mungguh sira | Mas Cêbolang matur aris | lêrês ingkang pangandika | mor-misah babasannèki ||

26. Mangke ing panuwun-ulumpanuwun ulun. | mugi (n)dhangankên panggalih | kaparêng andumugèkna | kang kasêbut kitab Kaik | -kul-akaik myang Kul-akbar | suraosing Dalil katri ||

27. Kulup yèn sirarsa wêruh | surasane kitab kadwi | Dalil ingkang kaping tiga | utawa surasanèki | srat wirit Hidayat-jatya | sarta cundhuk lawan nukil ||

28. Sorahe Kitab Bayanu | -miat lawan Bayan-alip | myang kitab Mandinil-asra | tuwin Mandinil-maklum-i | iku kabèh basanira | kitab Tasawud§ Prayoginipun / Tasawup / = Tasawuf /. linuwih ||

--- 3 : 156 ---

29. Mratelakakên sadarum | wangsiting Hyang Maha Sukci | marang sang Nayakaningrat | (n)Jêng Nabi kabibolahi | amrih cancuting wicara | ingsun têmbungakên Jawi ||

30. Manungsèku Rahsaningsun | lan Ingsun iki sajati | rahsaning punang manungsa | karana awaling nguni | Ingsun anitahkên Adam | asal saka ing anasir ||

31. Patang prakara kinumpul | bumi gêni angin warih | iku dadi kawujudan | ing Sipatingsun sajati | kono Sunpanjingi mudah | limang prakara kèhnèki ||

32. Dhingin Ênur gya Rahsèku | Êroh napsu lawan budi | wus jangkêp limang prakara | iyèku minangka dadi | warananing WajahIngwang | Ingsun kang Amaha Sukci ||

33. Ing Kadis caritanipun | panjinging mudah sakawit | saka ing ngêmbun-êmbunan | mandhêg ing ngutêg tumuli | tumurun marang ing netra | anulya tumurun malih ||

34. Maring lesan gya tumurun | maring ing jajanirèki | gya sumrambah maring jasat | langkêpe jumênêngmami | Insan-kamil agumêlar | pan sipat rupa sajati ||

35. Dene mungguh Isbatipun | kadi kang kasbut sajroning | kitab Baayan-numiat | warah saka sabdanèki | (n)Jêng Sultan Sungèb ing Makyan | mangkene têmbunge Jawi ||

36. Rupa sajati puniku | asalira yêkti saking | sajati-jatining rupa | jatining rupa puniki | iya sipating Pangeran | Kang Maha Sukci sajati ||

37. Kawuryan nora kaliru | nèng rupa kita pribadi | wit rupa kita priyangga | iku lawanira saking | surat-soroting Pangeran | Kang Maha Suci sajati ||

38. Lawan ana manèh kulup | kitab awawarah saking | pangandikane (n)Jêng Sultan | Abuyajid ing Bustari | kadawan yèn nganggo rapal | mangkene têmbunge Jawi ||

39. Sajatine Dat puniku | dadya tladha Sukma-jati | de Sukma-jati dumadya | tuladhaning Sipat jati | de Sipat jati dumadya | tuladha Rupa-kitèki ||

--- 3 : 157 ---

40. Dadya raringkêsanipun | ing surasa kaananing | manungsa pan saking Duryat | wahananing Duryat saking | cahyaning Êdat sanyata | nèng urip-kita pribadi ||

41. Tamat Dalil kaping têlu | kang carita diarani | Gêlaran kaananing Dat | lawan ana manèh kaki | kanggo saksi lan timbangan | prayoga dipunkawruhi ||

42. Nahên ta ingkang kasêbut | ing wiwit Hdayat-jati |Kurang satu suku kata: ing wiwit Hidayat-jati. panjupuke kikiyasan | saka murat maksutnèkimasrutnèki. | rasa surasaning kitab | kang tinêngran Insan-kamil ||

43. Bêbasan surasanipun | lawan wirid kang kaping tri | anunggal misah kewala | rinipta sapuluh warni | bokmanawi saya tambah | mimbuhi têranging budi ||

44. Kang dhingin Kulit winuwus | iku êmbanane Daging | dadya kaananing raga | kapindho Daging puniki | êmbananing êrah dadya | wahananing Sipat jati ||

45. Kaping tri Êrah puniku | êmbananing Êroh dadi | lêksananing kêtêk-kita | kaping pat Êroh puniki | êmbananing Rahsa dadya | wahananing napas yêkti ||

46. Kalima Rahsa puniku | (m)bananing Pramana jati | tanggaping rahsa pangrasa | kanêm Pramana sajati | iku êmbananing Cahya | sangkêping panca driyèki ||

47. Kapitu Cahya puniku | êmbananing Atma jati | dumadi wimbaning ulat | kawolu Atma sajati | iku êmbananing Êdat | dumadya purbaning ngurip ||

48. Kaping sanga Dat puniku | êmbananing Nukat-gaib | dadya wisesaning gêsang | kasapuluh Nukat-gaib | puniku êmbananira | Pangran kang sipat Sajati ||

49. Dumadi sampurnanipun | ing urip kita sajati | amurih tambahe têrang | gêrbane mangkene kaki | badan puniki sanyata | wayangannira kang Budi ||

50. Budi wayanganing Napsu | Napsu yèku wayanganing | Êroh kang ingaran Suksma | Êroh yèku wayanganing | Rahsa ingkang winastanan | Pramana sajatinèki ||

--- 3 : 158 ---

51. Rahsa pan wawayanganipun |Lebih satu suku kata: Rahsa pan wayanganipun. Nur Muhkamad cahya wêning | kang ingaranan Pranawa | Ênur Muhkamad puniki | wayangan Akyan-sabitah | ingaran Atma sajati ||

52. Akyan-sabitah puniku | wayanganing Datolahi | uga kang ingaran Sipat | lah samêngko surasaning | Dalil kapisan tumêka | Dalil ingkang kaping katri ||

53. Sarta winantu mawantu | pratelan mrih tètèh titi | mungguh panjing surupira | tumrap kaananing bayi | ana ing sira priyangga | Mas Cêbolang matur manis ||

212. Dhandhanggula

1. Gêgêtuning manah labêt pingging | angrasakkên Dalil kang kapisan | Êdate Pangeran rêke | yèn karsa (ng)ganda muhung | ngagêm grana kita puniki | yèn karsa angandika | ngagêm lesan-ulun | bilih karsa amiyarsa | muhung ngagêm talingan kita puniki | miwah manawi karsa ||

2. Angraoskên saliring rahsèki | muhung angagêm ing rahsa-kita | ulun gagas sadangune | ing nalar-nalaripun | saèstune dèrèng pinanggih | punapa ta inggiha | Dating Kang Maha Gung | manawi karsa angganda | gya cumlorot andhêsêl nèng complonganing | grana-kita punika ||

3. Bilih karsa micara tumuli | amêncolot dhatêng lesan-kita | yèn karsa ningali age | sumêmprung gya gumandhul | anèng idêp-kita puniki | bilih karsa miyarsa | lajêng mibêr pupuh | ngalih lènging karna-kita | bilih karsa angraosakên sakalir | mlêbêt mring raos-kita ||

4. Ing pratingkah upami kadyèki | sintên tyange kang nate uninga | pancolot tuwin encoke | Pangeran Kang Maha Gung | suthangipun kadi punapi | myang sintên tiyangira | kang nate andulu | kêbêt ibêring Pangeran | lar suwiwi ing warni kadi punapi | kang mirip lir punapa ||

5. Tuwin malih yèn lumêbêt maring | raos kita nèng pundi dunungnya | dèrèng dumugi ature | Panêmbahan angguguk | wacana ris

--- 3 : 159 ---

cinuthêl kaki | mangsa silih tan wikan | kabèh kang kawuwus | yèn karungu santri laka | ingkang cubluk kinira maido maring | ing surasaning kitab ||

6. Ingaranan wong kupur nêmahi | dadya grêjêg winih tutukaran | iku kurang prayogane | mangkya ulun mangayun§ Prayoginipun / angayun / = ayun = arêp. | mêdharakên ingkang dumadi | gagasing driyanira | supaya ywa wuyung | anane kang tatêmbungan | obah-osiking manungsa atas saking | kawasaning Pangeran ||

7. Mungguh patrap pratingkahirèki | myang pangolah pituduhanira | dumunung nèng wirid ranne | Wawêjangan ping catur | ingaranan kayêktènèki | kaananing Pangeran | Ingkang Maha Luhur | yèku pambukane Tata | -malige ing dalêm Betalmakmur yêkti | wit dene pamêjangnya ||

8. Pan ambuka kodratira Dat-i | Pangeran Kang Maha Sukci Mulya | (ng)gonne karsa (n)jumênêngke | ing maligene Dat-u | kang minangka ing Bètolahi | katata ana sirah | ing manungsa iku | sajatine kang minangka | pitêdahan kayêktèn kaananèki | sawiji-wijinira ||

9. Nandhakakên klarating Hyang Widdhi | langgêng nora kêna gingsir owah | saka kaanan jatine | nahên ta wus kasêbut | ing nulikan sorahirèki | ing Insan-kamil kitab | mratelakkên tuhu | wangsiting Pangeran marang | Nabi kita ayat kapisan kalingling | karana dalêm rahsa ||

10. Jinarwakkên sajatinirèki | Ingsun anata malige ana | sajrone Betalmakmur-e | iku omah (ng)gonnipun | Parameyaningsun mandhiri | ana sirahing Adam | kang nèng sajronipun | ing sirah di§ Prayoginipun / de / = dene. maknanira | iya iku utêg kang nèng antaraning | utêg manik minulya ||

11. Ing sajroning manik iku budi | jroning budi iku nêpsuhawa | sajroning nêpsuhawane | iku Suksma linuhung | jroning Suksma Rahsa sajati | sajroning Rahsa ika | satuhune Ingsun | tan ana Pangeran liyan | anging Ingsun Êdat ingkang anglimputi | ing kaanan sadaya ||

--- 3 : 160 ---

12. Gancaring kang surasaning Dalil | sirahira Kanjêng Nabi Adam | sirahe manungsa kiye | punika wiyosipun | kaananing Betalmakmuri | wrêdi omah myang unggyan | kang rame linuhung | utêg kaananing kantha | narik marang wahananing cahya dadi | pambukaning kang netra ||

13. Manik kaananing Pramanèki | narik kaananing warna dadya | pambukaning paningale | ngudi kaananipun | pramana pan wêrdinirèki | padhang têranging manah | narik wahyanipun | ing karsa myang pamicara | nêpsu iku kaananing hawa narik | wahananing kang swara ||

14. Dadya pambukaning pamiyarsi | Suksma iku kaananing nyawa | narik wahnaning ciptane | dadi pambukanipun | ing pangganda mawarni-warni | rahsèku kaanannya | ing Atma satuhu | narik wahnaning wisesa | dadya pambukaning pangrasanirèki | tamat wirit kaping pat ||

15. Mangkya ulun amêdharkên malih | ing carita surasaning layang | wirid-wirid mau kabèh | kasbut Dalil kang ngèlmu | kaping lima sorahe saking | nukilan kitab aran | Insan-kamil iku | ayat kapindho winastan | kaanane kayêktèn kang Maha Tinggi | Maha Gung Maha Mulya ||

16. Iya iku ingkang dènarani | pambukane Tata-malige-ndah | jroning Betalmukaram-e | awit pamêjangipun | (m)buka kodrat iradat Widdhi | ênggonnira akarsa | (n)jumênêngkên iku | maligening Dat sanyata | kang minangka Bèttulah katata munggwing | ing dhadhaning manungsa ||

17. Sajatine iku iya dadi | ing pituduh yêktine kaanan | sawiji-wijining kabèh | anandhakakên iku | klarating Dat Kang Maha Sukci | langgêng tan kêna owah | ing kaanan tuhu | mungguh Dalil wangsiting Hyang | ing (n)Jêng Nabi Muhkhamad Rasullulahi | mangkene têmbung Jawa ||

18. Sajatine Sun-nata Maligi | ana sajroning Betalmukaram | pan iku omah ênggonne | ing lêlaranganingsun | jumênêng nèng dhadhanirèki | Adam kalipahIngwang | kang anèng jronipun | ing dhadha puniku manah | dene ingkang ana ing sajroning ngati |

--- 3 : 161 ---

iku Jantung sanyata ||

19. Kang nèng jroning Jantung iku Budi | ingkang ana sajêroning Budya | iya iku Jinêm ranne | angên-angênirèku | mungguh ingkang ana sajroning | ngên-angên iku Suksma | kang nèng jro Suksmèku | Rahsa kang nèng jroning Rahsa | tarlèn Ingsun Êdat ingkang anglimputi | kaanan sajatinya ||

20. Dunungipun kawruhana kaki | ingkang dhingin dhadha kaanannya | Betalmukaram têgêse | omah larangan tuhu | kapindhone kang aran ati | puniku kahnanira | pancadriya èstu | anarik ing wahananya | nêpsu dadya wahyaning napasirèki | dene kang kaping tiga ||

21. Jantung apan kaananirèki | pancamaya narik wahananya | birai dadya wahyane | kêkêtêg kang kumêdut | kaping pate budi puniki | kahananing Pranawa | narik wahnanipun | ing karsa nahan dumadya | wahananing wicara kêdaling lathi | dene kang kaping lima ||

22. Jinêm yèku angên-angên yêkti | kaananing ponang panggraita | narik wahnaning swarane | dumadya wahyanipun | pamiyarsa karna kakalih | kanême Suksma ika | kaananing nyawèku |Lebih satu suku kata: kahnaning nyawèku. narik wahananing cipta | apan dadya wahyaning pangganda yêkti | kasapta pupungkasan ||

23. Rahsa kaananing Atma jati | narik wahananing kang wisesa | iku dumadya wahyane | ing pangrasa satuhu | titi tamat Daliling ngèlmi | kaping lima nukilan | sorahing kitabu | Insan-kamil kalih ayat | mangkya ulun arsa amêdharkên maning | lah kaki piyarsakna ||

24. Kasbut anèng wêjanganing ngèlmi | kang kaping nêm apan ingaranan | kayêktène kaanane | kang Maha Suci yèku | pambukaning Tata-maligi | jroning Betalmukadas | wit pamêjangipun | ambuka kodrat iradat | -ing Pangeran Kang Maha sukci sajati | dènnira darbe karsa ||

25. (n)Jumênêngkên maligening Dat-i | pan minangka Bèttulah sanyata | nèng konthole manungsane | iku sajatinipun | iya dadi pituduhnèki | kayêktène kaanan | sajuga jugèstu | nandhakkên

--- 3 : 162 ---

kalarating Dat | Maha Mulya langgêng ora owah gingsir | saking kaanan kita ||

26. Kasbut ing dalêm Daliling ngèlmi | kang kaping nêm nukil saking sarah | -ing kitab Insan-kamil-e | amratelakkên dhawuh | wangsiting Hyang Kang Maha Sukci | marang risang Minulya | Kanjêng Nabi Rasul | nayakèngrat jagatraya | Insan-kamil ayat ingkang kaping katri | winahya têmbung Jawa ||

27. Ingsun Anata malige adi | ana sajroning Betalmukadas | iya iku omah (ng)gonne | ing pasuciyaningsun | jumênêng nèng kontholirèki | Adam ingkang kapisan | kang nèng ing jronipun | konthol iku paringsilan | ingkang ana antara pringsilan iki | nutpah utawa aran ||

28. Mani jroning mani iku madi | jroning madi iku wadi rannya | jro wadi manikêm ranne | jroning manikêm iku | rahsa-jati jroning rahsèki | iku tan ana liyan | Pangeran mung Ingsun | Dat kang nglimputi kaanan | jumênênge ing sajroning Nukat-gaib | tumurun dadya Johar ||

29. Awal nora nana kang (n)dhingini | kono wahananing alam sapta | alam Akadiyat rêke | alam Wahdat dwinipun | alam Wakidiyat kaping tri | alam Arwah sakawan | alam Misal bayu | alam Ajsam§ Prayoginipun / Ajsan. kang kanêmnya | alam Insan-kamil kasaptanirèki | ya alam ya martabat ||

30. Mas Cêbolang matur mangênjali | dhuh pukulun ing panuwun-amba | kaparênga mêdharake | dununge ngèlmu luhung | têrangipun sawiji-wiji | wijanging wawêjangan | jinèjèr mrih jujur | mèsêm Panêmbahan Rama | condhong karsa wasana ngandika aris | lah jêhèngjêbèng. kawruhana ||

31. Ingkang dhingin konthol iku yêkti | kaananing kang Betalmukadas | omah kang sinucèkake | kadwi pringsilanipun | kaananing purba-sajati | pan katumusan saka | ing wahananipun | (m)birai adrênging karsa | dadya bubukaning Asmara-nalèki | yèku kusêngsêming tyas ||

32. Katri mani iku kaananing | kang ran kantha katumusan saka | ing

--- 3 : 163 ---

wahanane hawane | dadya bubukanipun | ing Asmara-tura puniki | kasêngsêming paningal | catur madi iku | kaananing warna apan | katumusan saka wahananing pati | dadya bubukanira ||

33. Ing asmara-turida puniki | yèku kasêngsêming pasêrêngan | kalimane wadi rêke | kaananing rupèku | tan liyan katumusan saking | ing wahananing cipta | dumadya puniku | bukaning Asmara-nada | iyèku kasêngsêm sapocapan manis | gandês-luwês mrakatya ||

34. Nêm manikêm iku kahananing | Sukma-jati katumusan saka | wahananing pangrasane | dadya bubukanipun | ing Asmara-tantra sayêkti | yèku kasêngsêmira | pangarasan gathuk | kasapta puniku Rahsa | kaananing Atma katumusan saking | wahananing wisesa ||

35. Dumadya ing pambukanirèki | Asmara-gama yèku ta apan | kasêngsême salulute | de babarpisannipun | tetelane kang ujar rungsit | supaya aja mamang | wantahe puniku | konthol iya kontholira | paringsilan iya pringsilanirèki | anduduk warna-warna ||

213. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Kang rumuhun mani iku jatinipun | kama isih dadya warih | warnanira surat biru | madi sarining kang mani | warna surat dadu kaot ||

2. Wadi sarining madi satuhunipun | surat jênar warnanèki | manikêm pan sarinipun | wadi warninipun putih | maya lir rêtna kinaot ||

3. Nukat-gaib apan iku têgêsipun | wiji pêpingitan wêrit | ginaib tan ana wêruh | iku apan yêktinèki | srining rahsa sajatos ||Kurang satu suku kata: sarining rahsa sajatos.

4. Johar-awal têgêse sosotya mancur | ingkang wiwitan pribadi | yaiku manik linuhung | satuhune apan dadi | êmbananing rahsa jatos ||

5. Johar-awal kalamun wus adumunung | anèng garbaning pawèstri | ing kono wahananipun | alam pitu diaranni | martabat mangkya kacriyos ||

--- 3 : 164 ---

6. Alam Wakadiyat pan kaananipun | wanita ngandhêg sasasi | têmbunging Arab Latakyun | têgêse durung sayêkti | ing kaananing dumados ||

7. Alam Wahdat jangkêp ngandhêg kalih santun | têmbung Arab diaranni | Takyun-awal têgêsipun | wiwit sanyatanirèki | ing kaananira yêktos ||

8. Alam Wakidiyat ngandhêg tigang santun | têmbung Arab diaranni | Takyun-sani têgêsipun | dene wus sanyata kèksi | ing kaananira yêktos ||

9. Alam Arwah lagya ngandhêg kawan tèngsu | têmbung Arab diaranni | Akyan-sabitah liripun | wus sanyata anêtêpi | ing kaananira (m)bobot ||

10. Alam Misal ngandhêg limang tèngsu tuhu | têmbung Arab diaranni | alam-Karijiyah iku | têgêse sanyata jati | ing kaanan nora keron ||

11. Lawan uwis darbe sipat pêthanipun | langkêping parabotnèki | nanging isih padha buntu | garit-garite kaèksi | sêlagi gatra kemawon ||

12. Alam Ajsan wahana ngandhêg nêm santun | têmbung Arab diaranni | alam Mukawiyah iku | têgêse sanyata urip | ing kaananira yêktos ||

13. Lawan uwis adarbe asma puniku | apan anama bêbayi | banjur ana karkatipun | ana ngwêtêng molak-malik | lawan bisa nyêndhol-nyêndhol ||

14. Alam Insan-kamil ing wahananipun | ngandhêg lagi pitung sasi | nganti wolu sangang tèngsu | têmbung Arab diaranni | alam Maknawiyah pantog ||

15. Wêrdi nyata kawêdhar kaananipun | kalawan uwus mandhiri | sampurnaning manungsèku | darbe pakarti yun lair | anèng ngalamdonya katon ||

16. Titi tamat wawêjangan dunungipun | kang kasêbut layang wirid | kang kaping nênêm puniku | Mas Cêbolang matur aris | dhuh risang tuhu kinaot ||

--- 3 : 165 ---

17. Sampun tanggêl paparinging sih tumuntur | bilih wontên lajêngnèki | wiwijanganing kang ngèlmu | wirid kang dèrèng kawijil | sangêt ing panyuwuningong ||

18. Nadyan botên tumrap abon-abon bumbu | lalajêring criyos ngarsi | saking sru kayungyun-ulun | kumêdah atampi malih | suraosing kawruh kaot ||

19. Panêmbahan Rama mèsêm lingira rum | atut§ Prayoginipun / anut /. pamintanya yêkti | nora nana alanipun | marsudi tutur prayogi | ingsun murwani cariyos ||

20. Kang kasêbut wirid surasaning ngèlmu | wawêjangan ingkang kaping | pitu ingaranan iku | panêtêp santosanèki | iman (m)buka sadat jatos ||

21. Wit pamêjang mangsit kang dadya pikukuh | pangandêl kita puniki | dènnya ngêstokkên satuhu | marang kayêktènirèki | ing uripira pribados ||

22. Yèn wus têtêp minangka tajalinipun | Pangeran Kang Maha Sukci | ing dalêm Ijmak kasêbut | wirayating para wali | kang sinung rahmat Hyang Manon ||

23. Yèku nunukilan saking Kadim-makdum | kasbut sajroning bab nênggih | Maktu-maktulali yahu | nyaritakkên kakekati | ing tokite Hyang kinaot ||

24. Ingkang têrus marang ihtikat puniku | pipiridanira saking | ing cipta sasmitanipun | Kangjêng Nabi Muhkhamadin | Rasullolah Ibuning roh ||

25. Kang winangsitakên marang mantunipun | kyatingrat Bagendha Ngali | rapale nora cinatur | amung supayane gampil | jarwanira kang suraos ||

26. Ingsun anêksèni ing satuhunipun | ora ana maning-maning | Pangeran iku mung Ingsun | lan nêksèni iku yêkti | Muhkhamad Utusaningong ||

27. Kang sinung ling mangênjali aris matur | bok bilih salah panampi |

--- 3 : 166 ---

ingkang binasakkên Ingsun | myang (n)Jêng Nabi Muhkhamadin | puniku sintên kang mêlok ||

28. Sang awiku angandika têmbung Ingsun | lawan têmbung Muhkhammadin | kacarita kang kasêbut | ing wirid Hidayat-jati | mungguh dununge ginatos ||

29. Ingkang dènaranni Pangeran puniku | Dat urip kita pribadi | sabab ing sajatinipun | sagunging Asiya-iki | padha kukum napi maton ||

30. Wêrdining kang Asiya sawijinipun | wardining napi sêmênir | mulane mau kasêbut | tan ana Pangeran iki | isbate kanang suraos ||

31. Tunggal tanpa wawangênan kacèkipun | amung lair karo batin | de kang dènaranni mau | Muhkhamad iku sipating | ing cahyakita pribados ||

32. Mula binasakkên utusan puniku | marga kawistara munggwing | netra kadi kang kasêbut | Dalil jroning Kur'an iki | jawanira winiraos ||

33. yêkti têmên-têmên ing sira sadarum | Utusan Dat kang kawijil | saka ing awakirèku | Ingkang Maha Mulya Sukci | Kang Maha Luhur sayêktos ||

34. Tinartamtu mungguh ing utusan iku | tan nalisir nêmbadani | saciptanira kalamun | angandêl sayêkti olih | pangapurane Hyang Manon ||

35. Yèn wus anêksèni ing Dalil Kur'an-u | dhawuhing Hyang Maha Sukci | kang kaya mangkono mau | dipun-waskitha ing ati | yèku urip kita yêktos ||

36. Wahananing nugraha kaananipun | ing kanugrahan têtèki | dene nugraha puniku | Dat-ing Gusti Maha Sukci | kanugrahan Sipatingong ||

37. Tunggal tanpa wawangênan adumunung | nèng urip-kita pribadi | sabab ingkang wus kasêbut | ana kitab Insan-kamil | amêmarah wus pinathok ||

38. Yèn namaning Alah yèku namanipun | (n)Jêng Nabi Muhkamad

--- 3 : 167 ---

yêkti | mangkana sanepanipun | lir pêdhang lan rangkanèki | loro dumadya sawiyos ||

39. Mangkya AlahAllah (dan di tempat lain). minangka warangkanipun | Muhkhamad pêdhangirèki | ing têmbe wasananipun | wawangsul lan rangka manjing | marang curiga sayêktos ||

40. Titi tamat wirit surasaning ngèlmu | kasapta sahadat jati | samêngko kang ingsun tutur | wawêjanging kang wirid |Kurang satu suku kata: wawêjanganing kang wirid. kaping wolu Pocung pantog ||

214. PocungTeks asli: Pucung.

1. Ingaranan Sasahidan iku kulup | awit pamêjangnya | kinèn anyahidi maring | wahananing sakèh ingkang sanak kita ||

2. Yèku kaananing dumadi sawêgung | kang gumêlar ana | ing ngalamdonya puniki | bumi langit surya candra myang sudama ||

3. Gêni angin banyu ing sasamenipun | padha nêksènana | yèn kita mangke ngakêni | jumênêng Dat-ing Gusti Kang Maha Mulya ||

4. Dadi sipating Alah sajatinipun | kasbut jroning kitab | wawarahing para sidik | ênggonnira mêncarkên nukil laksana ||

5. Kadim-makdam sajroning bab Maklumatul | -oliyah winahya | wiyosipun anartani | ing panêtêp santosaning imannira ||

6. Èstu dadya pamuntuning tokitipun | bontos mring ihtekat | uga wiwiridan saking | cipta sasmitanya (n)Jêng Nabi Muhkhamad ||

7. Rasullolah kakasihira Hyang Agung | winangsitkên marang | siswa Sayidina Ngali | amrih cancut mangkene têmbunge Jawa ||

8. Ingsun anêksèni kalawan satuhu | mring Dat-ipun dhawak | ing sayêkti-yêktinèki | ora ana Pangeran mung Sun priyangga ||

9. Lan nêksèni ingsun ing satuhunipun | (n)Jêng Nabi Muhkhamad | Utusaningsun sayêkti | mangka iya ing sajati-jatinira ||

10. Ingkang aran Alah iku Badaningsun | Rasul Rahsaningwang | Muhkhamad pan Cahyamami | iya Ingsun kang urip tan kêna lena ||

--- 3 : 168 ---

11. Ingsun ingkang èngêt tan kêna kalimput | Iya Ingsun ingkang | langgêng ing salaminèki | nora kêna owah-gingsir ing kaanan ||

12. Iya Ingsun kang waskitha saliripun | nora kasamaran | ing sawiji-wijinèki | Iya Ingsun kang amurba amisesa ||

13. Kang kawasa tan na maning iya Ingsun | ingkang wicaksana | tan kurangan ing pangartipangêrti. | byar sampurna padhang têrang tarawangan ||

14. Apan nora krasa apa-apa tuhu | kang katon tan ana | amung Ingsun kang nglimputi | alam kabèh lan Kodratingsun sanyata ||

15. Ingkang sinung wangsit manêmbah umatur | dhuh sang sadudibya | kalangkung eraming ngati | mênggah lêpasing mangêrtining§ Prayoginipun / pangêrtining. manungsa ||

16. Ingkang lajêng gadhah panganggêp satuhu | ngakên jumênêng Dat | -ing Gusti Kang Maha Sukci | kang ingaran Alah punika badannya ||

17. Ingkang aran Rasul iku Rahsaningsun | ingaran Muhkhamad | puniku Cahyanirèki | mênggah ing pangrêngkuh kang kadya punika ||

18. Sirnaning kang ringa-ringa wusanèstu | tumimbuling tekat | akandêl kumandêl yêkti | ing pamêndhêt wawaton saking punapa ||

19. Panêmbahan pangandikanira arum | kulup bokmanawa | rumambate amung saking | lalantaran kalantipaning pangartya ||

20. Winantonan ênêng-ênênging kang kalbu | awit surasanya | wawêjangan kang kaèsthi | kacarita mungguh dununge winarna ||

21. Mangka ingkang ingaran Pangeran mau | iya nora liya | Dat urip kita pribadi | dene ingkang ingaran Nabi Muhkhamad ||

22. Iya iku ora liya Sipatingsun | cahya kita dhawak | kasbut jroning dhikir Lai | -lailolah Muhkhamadun Rasullolah ||

23. Ora ana Pangeran sayêktinipun | mung Allah tangala | Nabi Muhkhamad puniku | utusaning Allah ingkang Maha Mulya ||

--- 3 : 169 ---

24. Nanging lamun kakekatira saèstu | kang ingaran Allah | Apngaling Rasul sayêkti | adumunung ana ing kaanan kita ||

25. Rasul iku asmaning Muhkhamad tuhu | mungging rahsa kita | Muhkhamad sipatirèki | cahya kita dumunung ing gêsang kita ||

26. Sayêktine urip kita iki èstu | Êdating Pangeran | Kang Maha Sukci sajati | kayêktène kasbut jroning Dalil Kur'an ||

27. Tuhu lamun Pangeran ki Maha Luhur | kuwasa mijilna | ing urip saka ing ati | lan mijilkên ing pati saka ing gêsang ||

28. Iya urip kita pribadi saèstu | awit saka pêjah | wêkasan tan kêna pati | Kayun pidaraèni babasanira ||

29. Wêrdi urip ing kaanan loro tuhu | ingkang dhingin ana | ngalam sahir urip jati | ana ngalam kabir kita iya gêsang ||

30. Tan kasupèn Dat-kita Kang Maha Agung | tan kêna gingsira | saking sipat-kita iki | ingkang elok miwah ora kasamaran ||

31. Asma-kita kang wisesa lwih kacukup | dene Apngal kita | ingkang sampurna sajati | apan dadya pupuntonning tokidira ||

32. Kang ambontos marang ihtikat satuhu | sampurnaning gêsang | kita punika sayêkti | kang karasa kang katingal nora nana ||

33. Mung waluya sajati langgêng manglimput | ing alam sadaya | mula têntrêm lumastari | ora nana uwas sumêlanging nala ||

34. Titi putus wawêjangan kang kawolu | jêbèng lamun ana | kang dadi rasaning ati | tuturêna ywa wawang dimèn sampurna ||

35. Nêmbah matur saking ing pangraos-ulun | wus wantah sadaya | botên mawi aling-aling | kantun nata jumbuhing pamanggih-kita ||

36. Duk rumuhun ulun sring mirêngkên wuwus | cangkriman gujêngan | -ira para ahli budi | ing sajagad sakurêbipun akasa ||

37. Salumahing bantala salêbêtipun | ing sangalamdonya | isi manungsa kèhnèki | kacariyos mung kalih jalu wanita ||

38. Yèn makatên pawèstri puniku jumbuh | botên aprabeda | lawan tiyang jalêr sami | tinitah nèng donya jumênêng manungsa ||

39. Nanging sarêng ulun wus tampi pituduh | kang sampun

--- 3 : 170 ---

winahya | gathuking suraosnèki | dodongèngan kalawan wirid wêjangan ||

40. Jalma èstri botên kang kasêbut ngayun | ingkang kadunungan | Datipun Kang Maha Sukci | amung jalêr kadi kang sampun kawêdhar ||

41. Wawêjangan kaping nênêm èngêt-ulun | apan winastanan | kaanan Kang Maha Sukci | salajêngnya Gambuh tumrap jalma priya ||

215. Gambuh

1. Sang Wiku lingira rum | bênêr kabèh kulup wuwusingsun | lagi tumrap mring jalma priya pribadi | dene ta makikinipun§ Prayoginipun / hakikinipun. | tan prabeda lanang wadon ||

2. Mangkene wijangipun | kaya ta kang kasêbut ing ngayun | konthol kaananing Bêtalmukadas-i | dene paringsilan iku | kaananing purba jatos ||

3. Kalamun kyai guru | mêdharakên rahsaning kang ngèlmu | pambukanya Tata-malige sajroning | Betal mukadas trapipun | pamêjang maring wong wadon ||

4. Mrih jumbuh rahsanipun | wênang kiniyas mangkene kulup | ing nalika Pangeran Kang Maha Sukci | karsa nata-Malige gung | jro Betalmukadas kaot ||

5. Jumênêng anèng ngriku | ing bagane Siti Hawa yèku | kang nèng jroning baga purana sajati | de kang nèng antaranipun | purana rêtna kinaot ||

6. Basa rêtna liripun | yèku mani jroning mani iku | aran madi jroning madi aran wadi | jro wadi manikêm tuhu | jro manikêm rahsa yêktos ||

7. Sajroning rahsa mau | iku Dat-ing Atma arannipun | anglimputi marang ing kaanan jati | dene ta jumbuhing wujud | baga timbanganing konthol ||

8. Purana timbangipun | lan pringsilan jumbuh jatinipun | sabanjure [saban...]

--- 3 : 171 ---

[...jure] lan priya pamêjang-sami | dènnya mêrdi amrih jumbuh | pamarsudi waskithèng (n)don ||

9. Lan manèh bedanipun | wawêjangan ingkang kaping pitu | ing Panêtêp santosaning iman yêkti | yèn amêjang mring dyah mau | mangkene kenangkanang. wiraos ||

10. Sun-nêksèni satuhu | ora ana Pangeran mung Ingsun | lan nêksèni Ingsun Muhkhamad sayêkti | iku pan Utusaningsun | Ni Patimah Umatingong ||

11. Mung iku kaotipun | wus salêsih ingkang ingsun wuwus | Mas Cêbolang manêmbah umatur aris | sadaya Dahalil dhawuh | pangandikaning Hyang Manon ||

12. Myang Kadis sabda Rasul | ingkang sampun kasêbut sadarum | suraose lajêng karaos wontên ing | dalêm raos wasanèstu | agêng bingahing tyasingong ||

13. Yayah marwata-sunu | krana sampun tatela satuhu | lamun Dat-ing Pangeran Kang Maha Sukci | punika sampun dumunung | têtêp anèng angganingong ||

14. Myang kita trang satuhu | yèn wujuding Allah Kang Maha Gung | Panêmbahan angandikanira§ Prayoginipun / pangandikanira /. aris | atut tuturira tutup | yêktine iya mangkono ||

15. Ananging ywa kasusu | aja pisan wani ngaku-aku | (m)bok kasiku kang mangkono iku kaki | kêna uga wênang muluk | yèn wus katon padha mêlok ||

16. Mêloke ujar iku | yèn wus ilang sumêlanging kalbu | amung kandêl kumandêl ngandêl ing takdir | akanthiya awas emut | dèn-mêmêt yèn arsa momot ||

17. Pramilane dhinapur | ing pralambang kang mangkono mau | jêr manungsa beda-beda watêgnèkiwatêknèki. | mungguh wiwijangipun |Kurang satu suku kata: mungguh ing wiwijangipun. ana têlung warna maton ||

18. Rungsit wêrit kalangkung | salugune ngaurip pakewuh | ing pambudi bisane têtêp nêtêpi | mula banjur ana têmbung | paribasaning wiraos ||

--- 3 : 172 ---

19. Kang dhingin jalma iku | langkung tuna tanpa ngawag ngèlmu | pikajênge kalangkung tuna sujalmi | yèn tan wruh suraosipun | mring ngèlmu ingkang sayêktos ||

20. Kapindho jalma iku | gêdhe-gêdhening dosa puniku | ora ana sujalma kang ngolah ngèlmi | kang kurang sampurnanipun | tanpa tuwasing dumados ||

21. Kosokbaline kulup | gêdhe-gêdhening kamulyan iku | nora nana kaya wong kang ngulah ngèlmi | kang nganti sampurna putus | sayêkti jalma kinaot ||

22. Kabèh ngèlmu puniku | kalakone pasthi kanthi laku | lêkas lan kas têgêse kas nyantosani | satya budya tyas rahayu | pangêkêsing angkara (n)dhon ||

23. Anggêrêng angkara gung | anèng angga gumlêgêr gumulung | gêgolongan tri-loka lêkêre kongsi | yèn dèn-umbar babar banjur | dadi rubeda sayêktos ||

24. Pasthi beda kalamun | kang wus sêngsêm mahas ing ngasamun | sêsêmune ngaksama sasami-sami | sarwa sarèh dènnira yun | mardi martotama kaot ||

25. Taman limut katutup | durgamèng tyas kang linimput-limput | karêm ana karamat karoban ing sih | sihing Suksma ngundhung-ngundhung | ngrêda sahardi (m)bêgogok ||

26. Ananging luwih ewuh | nitik saka pangandikanipun | para ingkang winasis ing nguni-uni | mungguhing laku puniku | Maskumambang kang gumantos ||

216. Maskumambang

1. Yèn manungsa jibar-jibur sabên ari | tansah ambaruwah | yèku tanpa laku yêkti | anèng donya salaminya ||

2. Baksanandrawina manggung dèn-ubyungi | têgêse datan sah | suka-suka minum bukti | ing têmbe kalamun pêjah ||

3. Kacarita jasate bosok wor siti | dene yitmanira | dadi riridhu mêmêdi | kêmamang wêdhon pocongan ||

--- 3 : 173 ---

4. Lamun ana jalma ingkang anglakoni | anggung tapabrata | yèku kang karêm sasirih | acacêgah minum nadhah ||

5. Têmbe lamun mati jasatira garing | atos dadya salasela. | yitmanya ngalambrang kadi | kinjêng ingkang tanpa soca ||

6. Lamun ana janma karêm cêgah guling | têmbe lamun pêjah | kacrita yitmanirèki | dadya setan jim prayangan ||

7. Lamun jalma karêm tapa nir sarêsmi | yèku cêgah sahwat | têmbe pêjah yitmanèki | dadi dhanyang smarakisma ||

8. Mas Cêbolang gèdhèg-gèdhèg turira ris | babo kadiparan | mênggah patraping ngaurip | saèstu angèl kalintang ||

9. Panêmbahan pangandikanira aris | ingkang wus sunucap | laksanane kang sajati | tumitah ing ngalamdonya ||

10. Lumaksana kadi kang kasêbut wirit | dhingin winalêran | ngarani Allah tan kenging | kapalèsètna Pangeran ||

11. Lan aja sring ngarani namaning manik | utêg polo ika | sarta aja asring bukti | ulaming manik myang utak ||

12. Lan maninge aywa asring angarani | angên-angên sarta | aja sok mangan sirèki | iwak jantung tuwin manah ||

13. Pungkasane aja sok ngarani mani | lan aywa sring mangan | iwak pringsilan tan kêni | mung iku yèn bisa nyêgah ||

14. Kang mangkono kacrita luwange nguni | asring katarima | banjur dadi ngèlmunèki | dene manawa kalepyan ||

15. Nora dadi sabab wit sajatinèki | ingkang parlu dadya | larangan winanti-wanti | mung ywa ngumbar napsu hawa ||

16. Lamun bisa (m)birat napsu hawanèki | adat sing kanggonan | awas emut angrakêdi | yèn awas emut widada ||

17. Bokmanawa pinarêng bisa amanggih | mulya sangkan paran | de patrap pikantuknèki | kadi kang kasbut wirayat ||

18. Para mashur ahli budi ambêg ngèlmi | dènnya sung wasita | mungguh ngaurip puniku | kang tabêri suci satya ||

19. Mangka dadya pambirating durgandini | têmbe maotira | têgêse nyirnakkên maring | ganda ingkang ora enak ||

--- 3 : 174 ---

20. Angurangi panginum kalawan bukti | iku mangka dadya | pangluhuraning kang ragi | ing têmbe jaman antaka ||

21. Nyuda turu lan arang sahuwatnèki | mangka èstu dadya | panglulutaning jiwèki | ing têmbe jaman palastra ||

22. Anyunyuda wuwus napsu wuwus bêngis | mangka iku dadya | panglênyêpaning rahsèki | têmbe pungkasaning gêsang ||

23. Mangkya Kimas Cêbolang upama sari | wus mèdêm sumringah | nayana sumringah wêning | sênênning cahya kawuryan ||

24. Kacarita Nurwitri lan santri katri | samya mring pondhokan | Saloka myang Palakarti | datanapi Kartipala ||

25. lajêng nendra mung Nurwitri wangsul malih | sapraptaning ngarsa | Panêmbahan atanya ris | lah Nurwitri ana paran ||

26. Kang sinung ling manêmbah umatur aris | wontên ing pondhokan | botên sagêt-sagêt guling | jalaran sontên miyarsa ||

27. Santri maos nukilan amêndhêt saking | murad maksudiramurat masrutira. | suraos sorahirèki | wasta Kakekating salat ||

28. Golongane kitab Tasawub witnèki | mratelakkên ingkang | Kadis pangandika Nabi | Muhkhamadun Rasullolah ||

29. Jarwanipun saking kaengêtanmami | aningali ingwang | maring ing Pangeranmami | kalawan Pangeraningwang ||

30. Sasampuning kèndêl ing pamaosnèki | tyas amba karantan | kadiparan lajêngnèki | ananging tanpa wasana ||

31. Kalawau badhe caos atur ajrih | mugi kaparênga | paring barkah maring patik | pambingkasing kasêngkêlan ||

32. Panêmbahan pangandikanira aris | mungguh pangandika | ingkang mangkono Nurwitri | muhung anêtêpi ika ||

33. Ing surasa kajatène sahalati | sabab salat ika | karêpe iku sayêkti | (ng)gêlêngkên rahsa kang pisah ||

34. Dene ingkang binasakkên pisah Witri | ana patang warna | dununge sawiji-wiji | lah ta iki kawruhana ||

35. Ingkang dhingin têmbung ekram têgêsnèki | ningali ing Allah | dene babasan puniki | ningali ing Allah Akbar ||

--- 3 : 175 ---

36. Sirna paningaling kawula puniki | kari maliginya | paningaling Allah jati | dadi karêping surasa ||

37. Têmbung aningali ing Allah sajati | kang ningali Allah | dene kang dera tingali | ora liya iya Allah ||

38. Pindho têmbung munajat têgêsirèki | amaca ing Allah | ingkang binasakkên kaki | maca ing Allah sanyata ||

39. Pan wus sirna pamacane kawulèki | salugu tan liya | kari pamacanirèki | pan iya Allah balaka ||

40. Dadi mungguh karêpe têmbung puniki | amaca ing Allah | ingkang maca Allah ugi | kang winaca iya Allah ||

41. Katri têmbung anyadul têgêsirèki | anggêntèkkên lawan | wujuding Allah sajati | kang binasakkên kadyèka ||

42. Anggêntèkkên lawan wujuding Allahi | sirna wujud kita | kari tatela sajati | ing kawujudaning Allah ||

43. Dadi mungguh karêpe têmbungan iki | (ng)gêntèkkên kalawan | wujuding Allah sajati | ya Allah kang maujuda ||

44. Catur têmbung mikraj têgêse winarni | ngluhurkên paningal | saking Nabi Adam maring | asaling Pangeran kita ||

45. Ingkang mangka banjur ana manungsèki | kang têtêp tan pêgat | ngluhurakên samukawis | kaya ta ngèlmuning Allah ||

46. Pangucape Allah myang panggandanèki | datan liyan Allah | pamiyarsa Allah uni | paningale iya Allah ||

47. Dat-e Allah Sipat-e Alah sajati | Apêngal-e Allah | yèku têtêp anêtêpi | rahsaning Allah balaka ||

217. Mijil

1. Pamijile pitutur ing ngarsi | rasakna sayêktos | nganti têkan ing dalêm raose | bokmanawa pinarêng ing Widdhi | gya karaos yêkti | mangkene liripun ||

2. Yèn manungsa kaduga nglakoni | tindak nistha awon | iku padha uga lawan gawe | kanisthaning Pangeranirèki | yèn manungsa kardi | alaning ragèku ||

--- 3 : 176 ---

3. Padha uga ngala-ala maring | Sariraning Manon | sapa wonge ingkang mahagawe | ing sawiyah-wiyah maring dhiri | iku padha ugi | nyawiyah Hyang Agung ||

4. Sapa wonge ngrèmèhakên dhiri | uga padha yêktos | angrèmèhkên maring Pangerane | manungsa yèn nyamahakên dhiri | padha uga kardi§ Prayoginipun / kadi /. | nyamah ing Hyang Luhur ||

5. Lamun ana kang ora mangêrti | sarta tan karaos | tumrap ana ing dalêm raose | surasane pralambang puniki | kêna dènaranni | manungsa kapirun ||

6. Awit têmbung kapir wêrdinèki | kasumpêlan yêktos | lawan kaling-kalingan yêktine | dene jalma ingkang amangrêti | lan karaos yêkti | anêtêpi laku ||

7. Ngluhurakên maring samukawis | ngèlmune Hyang Manon | kadi ingkang kasbut pralambange | têmbung mikraj kang kasêbut ngarsi | kêna dènaranni | têtêp manungsèku ||

8. Anyalira lan kaslira maring | ing Allah sayêktos | manawèku kang binasakake | manungsa nung kang Islam sajati | Islam wêrdinèki | pasrah myang rahayu ||

9. Yèn rinasa têmbung loro ngarsi | ing panêmuningong | manungsèku kang binasakake | Islam jati têtêp nyarirani | lan kaslira maring | ing Allah satuhu ||

10. Manawèku manungsa kang uwis | kasbut wruh sayêktos | Islaming suhul dene têgêse | wruh êmpaning pangira bênêring | panuju têpaning | sujana linuhung ||

11. Buka wênganing mangsakalèki | babasan mangkono | wus tinamu-tamu satuhune | kunci gêdhong rahsaning Allahi | kosok-balinèki | mangkya kang winuwus ||

12. Manungsa kang binasakkên kapir | anyarira yêktos | lan kaslira ing setan cêblèke | yèn salulut mangka dadi wiji | cilikane apik | diwasane kumprung ||

13. Ki Nurwitri karênan ing ati | matur malih alon | amba nyuwun mênggah wiwijange | pangkat-pangkataning ponang ngèlmi |

--- 3 : 177 ---

Kasampurnan jati | suhunan lingnya rum ||

14. Ingkang dhingin ngèlmu sarengat-i | dunungnya pangawroh | ing lakune raga kita kiye | kang kapindho ngèlmu tarekat-i | apan angawruhi | lakuning kang kalbu ||

15. Katri ngèlmu kakekat puniki | pangawruh sayêktos | lakuning kang nyawa kita kiye | kaping pate ngèlmu makripat-i | pangawruh sajati | lakuning rahsèku ||

16. Sanepane kang patang prakawis | mangkya cinariyos | kang sarengat iku upamane | lir wujuding baita sêkoci | ngèlmu tarekat-i | wujude palaut ||

17. De kakekat pindha nama kadi | mustika kinaot | dumunung nèng têlêng samodrane | makripat-e pindha pama kadi | pangawruh trang titi | kaya ta puniku ||

18. Angawruhi lakuning sêkoci | pasange we êropêrob. | myang ngawruhi jro cêthèking kang we | anadene ngawruhi (ng)gonnèki | ri kang musthika di | nèng têlênging laut ||

19. Karêping kang lampita kadyèki | upamane uwong | sumêdya yun (n)jupuk musthikane | ingkang ana têlênging jaladri | yèn gothang sawiji | saka catur mau ||

20. Sayêktine nora bisa dadi | lire kang suraos | saupama tanpa baitane | apa bisa ngambah ana warih | nadyan numpang kunthing | lamun nora wêruh ||

21. Ing dununge musthika kang adi | sarta ora wêroh | ewuh-pakewuh kalêksanane | apa bisa katêkan sêdyèki | ngaji ora odhil | mulane kacatur ||

22. Kudu ganêp nora kêna kongsi | gothange sawiyos | nora gampang mangkono yêktine | pipiliyan jalma ingkang bangkit | nanging laku iki | lagi madyanipun ||

23. Ana maning pangolahing ngèlmi | utama kinaot | luwih saka kang dakcaturake | crita lêlakone para wali | yèn jaman samangkin | Kangjêng Sultan Agung ||

24. Kang mandhirèng ing praja Mantawis | kalamun sang katong | apanuju kaparêng karsane | mundhut barang kang nèng jro

--- 3 : 178 ---

jaladri | utawa sang aji | yèn arsa ngalangut ||

25. Nadyan mijil saking tanah Jawi | tan mawa nitih jong | nora mingsêt saking plênggahane | bar Jumungah mring Kakbatolahi | mangka tandha saksi | ingkang samya mantuk ||

26. Saka kaji jalu miwah èstri | caritane jumboh | (m)bên Jumungah katêmu gustine | ana manèh caritaning nguni | ing lalakonèki | Sèh Lêmahbang luhung ||

27. Pamuntoning tekat murtat maring | agama kinaot | wus ambuwang marang sarengat-e | kadênangan kang nata agami | ing kono Sèh Siti | kukum kisas lampus ||

28. Wusing wafat kuwanda tan kèksi | nulya na wiraos | lamat-lamat kapyarsa swarane | surasane sung wasita jati | kang myarsa dumêling | mangkene lingipun ||

29. Ingsun wus amurwèng (n)don linuwih | wèh wasita jatos | e manungsa sesa-sesa tyase | jaman pati ing rèh puntonnèki | tekat santa titis | santosaning kalbu ||

30. Nora saking anon amiyarsi | riringa sinapon | rêngat rêngu pan siningitake | labêt salin ing salaganèki | lugu dènugêmi | agême ragèku ||

31. Suminggahe sangka sanggarunggi | sarak siningkur doh | krana iku ngrurubêti bae | karya uwas sumêlang liniling | (m)buh-(m)buh dènandhêmi | sakèhing kang wuruk ||

32. Têkèng pati tiwas nguciwani | awit keran-keron | sajatine kang èstu lungguhe | muhung ana ciptanta pribadi | pusthinên pangèsthi | tan ana kang ketung ||

33. Wus ginêlêng dumadya sawiji | pinasthi pinathok | wijanging kang ngèlmu jatmikane | nèng kaanan ênêng lawan êning | cêp wus tan kapyarsi | ganda ngambar arum ||

34. Nanging aywa padha salah tampi | surasaning criyos | iku amung kanggo ondhe-ondhe | poma aja nyingkur sarak Nabi | rukuning Islami | kono marga luhung ||

35. Mungguh ananing carita iki | pipiridan ingong | kikiyasan saka

--- 3 : 179 ---

ngandikane | para alim parama bèrbudi | ahli ing kitabi | surasaning têmbung ||

36. Ingkang dhingin sapa manungsèki | sadurunge layon | anèng donya mangka jro tekade | anêtêpi ngêgungakên maring | pakaryanirèki | sarengat linuhung ||

37. Iya iku bab lakuning dhiri | têmbe lamun layon | aran makam-parèk de wardine | dunung pamisahan ora nunggil | pisah raganèki | lawan nyawanipun ||

38. Kapindhone sapa manungsèkumanungsèki. | sadurunge layon | anèng donya mangka ing tekade | anêtêpi ngêgungakên maring | pakaryan utami | ing tarekat-ipun ||

39. Iya iku lakuning kang ati | têmbe lamun layon | aran makam-jalèk de wêrdine | dunung kukumpulan lir duk urip | kang kumpul puniku | raga lan nyawèku ||

40. Kaping katri sapa manungsèki | sadurunge layon | anèng donya ing mangka tekade | anêtêpi ngêgungakên maring | ing pakaryan sidisidhi. | kakekat linuhung ||

41. Iya iku lakuning nyawèki | têmbe kacariyos | aran makam-jamèk-mujamèk-e | wêrdi kumpul lir ngakumpul yêkti | kang kumpul ngumpuli | raga lan nyawèku ||

42. Kang kaping pat sapa manungsèki | sadurunge layon | anèng donya kang mangka tekade | anêtêpi ngêgungakên maring | pakaryan linuwih | makripat pinunjul ||

43. Iya iku lakuning rahsèki | têmbe kacariyos | aran makam-baka de wêrdine | dumunung ing langgêng nora gingsir | raga lan nyawèki | kapungkur katêlu ||

218. Pangkur

1. Ujar kang wus ingsunpajar§ Prayoginipun / ingsunpojar. | mrih tan uwus wawasên ywa wis-uwis | gathuking surasanipun | dhinapur dêdongèngan | pinralambang rêmbuge manut têtêlu | Gêmak lan Palatukbawang | Brêkutut ingkang nêloni ||

--- 3 : 180 ---

2. Anuju sawiji dina | manuk Gêmak kakaring pongol wukir | satêpining samodra gung | kêkipu pagisikan | kawistara sênêng nulya na tumurun | kang pêksi Pêlatukbawang | gêmak manêmbrama manis ||

3. Lo kowe Pêlatukbawang | padha bêcik têkamu ngarsamami | baya ta ana karyamu | ingkang rada wigatya | kadingarèn sira sarju mring (ng)gonningsun | kene nir kang paran-paran | samun suwung sêpên sêpi ||

4. Palatuk alon lingira | awit saka pangèstumu basuki | mula ulun nguyu-uyu | prapta ing ngarsanira | muga aywa dadi kagèting atimu | katarik ing panggraita | wus lawas (ng)gonku nitèni ||

5. Sabên-sabên sira saba | anèng kene lawan sukaning ati | miwah solah-tênagamu | beda lan grêmêt liyan | nganggo (n)jungkir-(n)jungkir gèdhèg manthuk-manthuk | kêkipu têpi samodra | wulu mêngkorog kêkirig ||

6. Ingkang mangkono èh Gêmak | mênèk dadi dhangan parênging ati | sarta yèn nora pakewuh | bangêt kapenginingwang | bisa wêruh apa kang dadi sêdyamu | dene sira darbe patrap | lan pratingkah kang kadyèki ||

7. Gêmak mèsêm-mèsêm lingnya | èh ta manuk Platukbawang mrakati | sira tatanya arsa wruh | marang ing sêdyaningwang | kawruhanta (ng)gonningsun nèng têpi laut | iku nora pisan-pisan | murih akèhing babukti ||

8. Walang kinjêng sasaminya | sajatine kang dadi nêring pikir | mung angêpyok amêmasuh | nucèni raga-kita | pêksi Platukbawang malih wacana rum | hèh Gêmak apa mulanya | raga nganggo disukcèni ||

9. Gêmak mèsêm sung wangsulan | mungguh (ng)gonku mangkono mau aming | marga saka sih wêlasku | karana salawasnya | sun tumitah anèng ing ngalamdonyèku | raganingsun ingkang tansah | anglakoni lara pêrih ||

10. Kaya ngapa têmbenira | yèn dak tinggal ana ngalamdonyèki | marma samêngko dak wasuh | yèn wus suci anulya | bisa licin

--- 3 : 181 ---

lah ing kono sêdyaningsun | ywa kari dak gawa muksa | munggah marang swarga adi ||

11. Donya ngakerat ywa pisah | supayane mèluwa nandhang mukti | enak-kêpenak linangkung | kêkêl nèng swarga mulya | nanging nora kêna ginagampang iku | dene amrihe kalakyan | kudu nganggo laku pasthi ||

12. Kang dhingin sêmbahing raga | kudu rêsik atiku kudu sukci | de rahsaku kudu wêruh | kudu madhêp jiwèngwang | sabanjure kudu kulina ing purun | tabêri ing karêm nyata | kang mangkono ancas mami ||

13. Laku-lakuning kadunyan | kaya-kaya wis nyukupi kinardi | srana mawas têtêsipun | kasidan-jati mulya | amung kabèh mau mapan êmpan kudu | jinurung lakuning rahsa | sawiji malela§ Prayoginipun / ngalela. rêsik ||

14. Platukbawang sung wangsulan | têka bênêr mungguh sêdyanirèki | kang kaya mangkono mau | ananging sumurupa | ingsun uwus tau angrungokkên wuwus | rêrêmbuganing manungsa | kang wus padha ahli budi ||

15. Nyritakkên kitab musakap | iya iku Kur'an dhawuhing Widdhi | Surat Asra arannipun | jus kang kaping limalas | nyêbutake nalika (n)Jêng Nabi Rasul | tinimbalan marang swarga | yèku mekrad arannèki ||

16. Wus karsa kawasannira | ing Pangeran Kang Agung Maha Sukci | (n)Jêng Nabi kaingsêr gupuh | saking Masjidilkaram | iku masjid ing tanah Mêkah satuhu | gya prapta Masjidil-aksa | masjid tanah prajèng Mêsir ||

17. (n)Jêng Nabi kita Muhkamad | samiyose saking Masjidil-aksi | tundhuk utusan Hyang Agung | Jabarail malekat | andhawuhkên timbalanira Hyang Luhur | Nabi nitih pêkipêksi. Burak | gya umêsat kadi thathit ||

18. Prapta ing langit kapisan | Jabarail andhodhog-dhodhog kori | tinanya mring para sagung | malekat jaga-lawang | prasaja yèn dutaning Hyang Maha Luhur | kang kori tandya binuka | Kangjêng [Kang...]

--- 3 : 182 ---

[...jêng] Nabi wus umanjing ||

19. Pinanggya lan Nabi Adam | wusing bage-binage (n)dum basuki | Jêng Nabi gya mêsat gupuh | Jabarail tan pisah | nulya prapta langit kang kapindhonipun | pratingkah datan prabeda | sawusing mênga kang kori ||

20. (n)Jêng Nabi lumêbêt panggya | lawan Nabi Yahya Nabi Isa-i | sawuse andum rahayu | (n)Jêng Nabi sigra mêsat | malaekat Jabarail tansèng pungkur | prapta langit kang katiga | pratingkahnya kadya ngarsi ||

21. Wiwara wusnya binuka | gya malêbu ing kono wusnya panggih | kalawan (n)Jêng Nabi Yusup | wusing bagya-binagya | (n)dum rahayu Jêng Nabi gya mêsat gupuh | Jabarail nora pisah | wus prapta kacatur langit ||

22. Pratingkah nora prabeda | wusnya manjing Nabi kita pinanggih | kalawan (n)Jêng Nabi Edrus | bageyan (n)dum raharja | nulya mêsat manèh Jabrail tan kantun | prapta langit kang kalima | ing pratingkah kadi ngarsi ||

23. Sawuse lawang binuka | Kangjêng Nabi lumêbêt wus pinanggih | kalawan (n)Jêng Nabi Arun§ Prayoginipun / Harun. | wusnya bagya-binagya | nulya mêsat Jabarail tansah (m)buntut | prapta ing langit kaping sad | ing pratingkah kadya ngarsi ||

24. Sawusing lawang binuka | Kangjêng Nabi lumêbêt wus pinanggih | lan Nabi Musa linuhung | wusnya bagya-binagya | (n)dum salamêt mêsat manèh Nabi Rasul | Jabrail tan kêna pisah | wus prapta kasapta langit ||

25. Ing kono para malekat | pitung èwu kang padha tunggu jagi | pratingkah kadi ing ngayun | Nabi kita Muhkamad | lampahira lumêbu ing Betalmakmur | kapang-kapang wus panggihan | lawan (n)Jêng Nabi Ibrahim ||

26. Utawa (n)Jêng Nabi Adam | katri Nabi samya imbalan angling | dènnira pinarak nutug | cuthêl caritaningwang | mula aku (ng)gêlarkên carita mau | mungguh murad maksudiramurat masrutira. | yêktine ulun tan uning ||

--- 3 : 183 ---

27. Dene (ng)gon-ulun carita | mung dadiya sumurupira yêkti | ing sajati-jatinipun | dadalaning kamuksan | nora kêna ginagampang luwih ewuh | pakewuh rikuh kewuhan | ana ta babasannèki ||

28. Kêna pisan luput pisan | lire paran bisane lumastari | mungguh ing sêdya puniku | awit sakèhing lawang | jinaganan malekat maèwu-èwu | pasthi yèn sira katulak | anggawa raganta iki ||

29. Ewa-mangkono wakingwang | uga darbe sêdya kaya sirèki | ananging lêksananipun | mangkene tekatingwang | ingkang dhingin raga kitèki dakwasuh | dak kêpyok marambah-rambah | lamun wus suci barêsih ||

30. Dakgalintir yèn gêngira | wus padha lan mrica binubut tapis | banjur dak bukti sun-ulu | yèn bisa mlêbu swarga | banjur bae dak-utahkên raganingsun | prêlu supaya mèluwa | angrasakakên kamuktin ||

31. Dene ta kalakonira | kudu nganggo sarana laku yakin | mungguh bêktine ragaku | kudu nglakoni sêdya | atiningsun kudu mekani sadarum | kudu nglêgani rahsèngwang | jiwaku kudu ngèlingi ||

32. Sawuse ingkang mangkana | têmêningsun kudu santosa yêkti | kudu marêm panrimèngsun | kabèh ingkang wus pajar | lamun nora kalimput batin mamêngku | bokmanawa bakal bisa | pranawa kamuksan-mami ||

33. Gêmak mènglèng lon lingira | kaya-kaya ana bênêrirèki | tekat bakal lêksananmu | dadi sajatinira | ingsun lawan sira iki wus ajumbuh | diaranni nunggal karsa | mung gèsèh lêksananèki ||

34. Yèn saka panêmuningwang | iya iku kang kêna diaranni | sadulur kang tunggal guru | myang tunggal budi karsa | balik ingkang dadya sulayaning laku | yèn sira condhong ing karsa | winantu dhanganing ngati ||

35. Payo padha angupaya | patakonan musawarat kang siddhi | êndi kang bênêr ginilut | gya padha linakonan | supayane rujuk atut lawan runtut | ing tyas nora sêmang-sêmang | tindak sakabèhe iki ||

--- 3 : 184 ---

36. Palatukbawang kawêngan | langkung suka wacananira aris | Gêmak kang dadi rêmbugmu | Tuhu-tuhu dumadya | condhonging tyas sarèhning mungguh panêmu | saka ing panimbangingwang | rujuk sakaronirèki ||

37. Tur bakal malêbu marang | ing panggawe bêcik kalawan wajib | nuli linakonan gupuh | supayane sampurna | duk ing mau ulun matur luhur gunung | lamat-lamat krungu swara | manuk Brêkutut sru muni ||

38. Salisik nèng wit mandera | dumunung nèng pucake wukir iki | bokmanawa kyai Kutut | bisa ngruntutkên baya | sulayane ana ing panêmu mau | pêksi kalih gya lumêpas | marang ing pucaking wukir ||

39. Nahan kang samya miyarsa | Mas Cêbolang kalawan Ki Nurwitri | kalangkung sukaning kalbu | manêmbah lon turira | kaparênga anglajêngakên pukulun | kadiparan yèn wus panggya | siddhining salah satunggil ||

40. Risang Panêmbahan Rama | mêdharsabda (m)bacutke dongèng iki | manuk Gêmak lawan Platuk | ngênêr agraning arga | wus pinanggih kalawan paksi Brêkutut | sawuse bagya-binagya | Platukbawang lingira ris ||

41. Dhuh Brêkutut kang (m)bêg darma | aywa kaduk-ati abela tampi | mungguh ta ing praptaningsun | kalawan manuk Gêmak | sajatine mung arsa nlêsihkên kawruh | sakirane apa dadya | Jrudêmung sajroning pikir ||

219. Jurudêmung

1. Pêksi Brêkutut lingira | prayoga ora pakewuh | nanging ingkang dadi rêmbug | Platukbawang caritakna | wit purwa wasananipun | ingsun arsa amiyarsa | supayane ing panggayuh ||

2. Platukbawang lon lingira | mirêngna cariyos-ulun | kang dadya kamulanipun | Gêmak nglairkên sêdyanya | anucèni raganipun | karêpe benjang yèn pêjah | ginawa maring swarga gung ||

--- 3 : 185 ---

3. Iku mungguh ingsun uga | darbe karêp kang kadyèku | ananingananging. sauwusipun | raga sunsucèni nulya | dak galintir kalamun wus | gêdhene kari samrica | binubut mêmêt tur alus ||

4. Ragaku banjur dak untal | nuli dakgawa mandhuwur | marang ing kaswargan agung | yèn wus tumêka sawarga | dakutahake ragèngsun | supaya padha ngrasakna | nandhang enak mamah mumuh ||

5. Brêkutut mèsêm lingira | èh ta Gêmak apa atut | mungguh ing caritanipun | mitranta Palatukbawang | iya wus bênêr Brêkutut | sulayane ing pamanggya | kaparênga sung pituduh ||

6. Dhuh mitrèngsun sakaronya | sira padha kawlasayun | de kalêbu cacad agung | yèku pituna (ng)gonnira | datan sumurup ing ngèlmu | ngêndi ana jasad arsa | ginawa marang swarga gung ||

7. SamêngkaSamêngko. ingsun carita | duk dhingin ingsun wus tau | diingu ing sujanma nung | kêrêp dhêmên amêmaca | ana layang arannipun | kitab Umun-bara-inna | iku kang tansah ginilut ||

8. Umun-bara-inna têgêsnya |Lebih satu suku kata: Umun bra inna têgêsnya. iku kitab babonipun | pratandha yêkti satuhu | nyritakkên ananing gêsang | anèng ngalamdonya iku | kalawan ngagêm busana | panganggone cacahipun ||

9. Sadaya nêmbêlas rupa | ingkang wolu asalipun | gagawan saking Hyang Agung | papat gawan saka bapa | papat manèh saka biyung | mungguh wiwijangira |Kurang satu suku kata: mungguh ta wiwijangira. gagawan nêmbêlas mau ||

10. Kang wolu saka Pangeran | siji roh dwi napasipun | katri budi iman catur | pangrungu kalimanira | pangganda kaping nêmipun | kapitune pan pangucap | paningal ganêp ping wolu ||

11. Kang lumantar saka bapa | sakawan siji bêbalung | otot kulit utêg catur | kang lumantar saka biyung | sakawan iki liripun | daging êrah sungsum lawan | jêrohan ganêpe catur ||

12. Sarèhning cacah nêmbêlas | sadayakusadayèku. mung gumadhuh | jroning ngurip nèng donyèku | têmbe têkane palastra | sayêkti padha pinundhut | iya marang kang kagungan | lwih abot yèn sira kukuh ||

--- 3 : 186 ---

13. Lan pinasthi bakal dadya | rubedane jasat lampus | lawan pakewuh ing laku | mula mungguh sêdyaningwang | rèhning wus têtela èstu | busana nêmbêlas warna | dununge muhung anggadhuh ||

14. Kanggo sajroning tumitah | ana ing ngalamdonyèku | ing têmbe praptaning maut | lah ing kono (ng)gon-manira | ngulihkên busananipun | marang kang padha kagungan | titipan nêmbêlas mau ||

15. Kalamun bisa kalakyan | mungguh tata-basanipun | barêsih kaananipun | pan nora anandhang utang | tan ana rinasa muhung | lumaksana ing sakarsa | nutug paranning sêdya yu ||

16. Dene ta kalakonnira | kudu nganggo saranèstu | mungguh sungkême ragèngsun | kudu lapa kurang nadhah | kudu santosa atiku | rahsaku kudu rumangsa | kudu nalangsa jiwaku ||

17. Sawuse ingkang kadyèku | pandêng-pandênging budiku | kudu têmên lila èstu | saranane ora kêna | kalimput laku sumêngguh | manawèku bisa (m)buka | nugraha paranning kayun ||

18. Cuthêl dadongèngannira | katri manuk kang sêdya yun | (ng)gayuh ing kamuksanipun | Nurwitri matur manêmbah | mênggah ing pratingkahipun | pamasuh pangluluh raga | mrih suci bêrsih satuhu ||

19. Panêmbahan lon ngandika | didimène rada (ng)galur | kêna kanggo cagak lungguh | ana carita pralambang | tumrap mring wong ahli laku | pan dhinapur dêdongèngan | (ng)gathukke lan crita ngayun ||

20. Purwaning kang kacarita | sawijining Ulêr-jêdhung | tumèmplèk nèng uwit agung | dumunung pucaking ngarga | wit agung pange tumêlung | manglung (n)dhuwuring talaga | wêning nyarong toyanipun ||

21. Êpang kang manglung talaga | diencoki siji manuk | Urang-urangan puniku | anjingglêng mandêng tan pêgat | anunggoni globakipun | mina isining talaga | kang dadya mamangsanipun ||

--- 3 : 187 ---

22. Ing satêpining talaga | dharatan cakêt wit agung | ana Ula angalumpruk | ngalêkêr tan mobah molah | lah ing kono Ulêr-jêdhung | gagunêman lawan Ula | mangkene têmbunganipun ||

23. Èh ta Ula muga-muga | ywa dadi rêngating kalbu | kang langgêng (ng)gonnira mêngku | mring (m)bêk santa paramarta | krana wus sawatarèku | lawan (ng)goningsun uninga | anyipati sariramu ||

24. Angalêkêr datan mobah | nèng têpining talaga gung | kadi mêsu-sarira sru | nglaksanani tarakbrata | dene kalamun saèstu | prayoga sira pojara | apa kang dadya sêdyamu ||

25. Pupuntonning karsanira | supayane ingsun wêruh | de yèn sira sajarwa wus | ganti sun crita mring sira | pupuntonning sêdyaningsun | pakolèhe musawarat | wicara supaya gathuk ||

26. Babing panêmu lan sira | bokmanawa iku lamun | ana katlisiring laku | salah sijine supaya | bisa-a padha sumurup | lah êndi ingkang sakira | kapenak patut linantur ||

27. Ula alon sung wangsulan | karsanira kabèh mau | prayoga nora pakewuh | ing mêngko ingsun carita | e wruhanta Ulêr-jêdhung | sajatining raganingwang | trah-tumêrahing naga gung ||

28. Basa tumêkaning mangsa | diwasane raganingsun | adarbe panggraita nung | sumêdya mor lawan bangsa | ananging ta nora enjuh | wit wujuding angga kita | durung paja-paja jumbuh ||

29. Lan bangsane ula naga | pramilane ingsun banjur | tapabrata sru tuwakup | sêdya (ng)gêdhèkkên sarira | ing têmbe kalamun uwus | tumêkane katarima | pipiridan kang wus uwus ||

30. Angga kita mêsthi rucat | luluh amor lan kismèku | [...] |Kurang satu baris: 8u. anglungsungi salin raga | mundhak gêdhe wimbuh bagus | tinimbang lan jasat kita | ing sadurunge manêkung ||

31. Ulêr-jêdhung lon lingira | èh ula naga manêkung | mungguh caritamu mau | nora susah ko* Kawaosa / kok /. banjurna | kang awit iku kalêbu | mring golonganing pamanggya | ingkang budi bodho cubluk ||

--- 3 : 188 ---

32. Nora pisan magêpokan | marang nalare kang ngèlmu | ngêndi ana têtapèku | nêdya (ng)gêdhèkakên raga | apa ora tau ngrungu | crita lalakone pêjah | kaananing sakèh makluk ||

33. Upamane kadi gajah | myang samubarang kang agung | kabèh dêdalaning lampus | amba-ambane mung padha | lawan bolonganing jarum | utawa sarupa lawan | panggonan kang luwih ciyut ||

34. Kang êndi margane bisa | malêbu bolongan mau | mangka kang dadya sêdyamu | mundhakkên gêdhening raga | (ng)gèr tinêmu nalaripun | lawan sira sumurupa | mungguh ing sajatinipun ||

35. Tumitah nèng ngalamdonya | mampir bae basanipun | mulane ingsun uga wus | krungu clathuning manungsa | mangkene (ng)gonnira muwus | ana-dene kang manungsa | yèn wus tuwa padha lampus ||

36. Ana-dene ana bocah | utawa wong durung sêpuh | uga ana ingkang lampus | dadi mungguh surasanya | calathu mangkono mau | saka ing panampiningwang | pasêmon mring kang angrungu ||

37. Supaya padha mikira | lawan marsudia èstu | marang pakartining lampus | karana iku pakaryan | kang wus pasthi nora wurung | lawan tan bisa suminggah | maranga bumi sap pitu ||

38. Miwah têlênging samodra | si pati tansah tut-pungkur | nora liwat Ula iku | mungguh kabèh caturingwang | sajroning rahsa amuwus | karasa-rasa rumangsa | tumraping rahsanirèku ||

39. Ula nglêkêr awacana | iya-iya Ulêr-jêdhung | bangêt ing panarimaku | kabèh-kabèh ujarira | nora nana ingkang luput | balik sira carita-a | prasajane ing sêdyamu ||

40. Èh ta Ula kawruhanta | (ng)goningsun tumèmplèk kayu | sajatine uga ingsun | anglakoni tarakbrata | sêdya nyunyuda ragèngsun | cêgah dhahar lawan nendra | ing têmbe kalamun uwus ||

41. Wêktuning kang katarima | jaman kita kang kadulu | rusak salin warnanipun | isih ana (n)jêro ingwang | wus anganggo lawan

--- 3 : 189 ---

santun | jasat anyar luwih brêgas | myang dak-walik wujudingsun ||

42. Jubur dak-(ng)go cangkêm ika | cangkêmku dak anggo jubur | pinurih supayanipun | ywa mangan kang sarwa kasar | lan ing kono kita uwus | nora bisa lunga-lunga | salin jênêng aran ênthung ||

43. Yèn tumêka katarima | ing kono kita gya mêtu | saking jasat lawas mau | banjur bisa angumbara | amêmangan kang sarwa lus | ngingingsêp sarining kêmbang | lawan salin aranningsun ||

44. Diaranni kupu ika | dadi kita têtêp santun | aran rambah kaping têlu | sanadyan ta jasat kita | wus dak-suda wantu-wantu | durung pasthi lamun bisa | mlêbu mring lèng êdom mau ||

45. De bisane katarima | saranane nganggo laku | wujuding raga-kitèku | sumèlèh kudu sadarma | atiku kudu rahayu | rasaku kudu narima | kudu (ng)graita jiwaku ||

46. Pindêngku kudu kulina | kang mangkono kaya uwus | kanggo sarana wus cukup | manawa jatining tunggal | kang bakal waskithèng dunung | manungsa kabèhe iku | aku kudu tinartamtu ||

47. Angilangkên catur rasa | dhingin wêdi dwi mar-ipun | tri was sumêlang kang catur | naban Ulêr gya tumênga | sarwi awacana arum | e manuk Urang-urangan | sasuwene ingsun (n)dulu ||

48. Patrap pratingkahmu iku | lir ngrungok-ngrungokkên wuwus | (ng)gonku rêrêmbugan (ng)galur | yèn sira dhasar mangartyamangertya. | mring rahsaning kang dakwuwus | basane saananira | miwah sagaduk-gadukmu ||

49. Panêmune ing tyasira | ngatase prakara iku | mara ta wêtokna gupuh | sayêkti bakal dumadya | lêga bungah ing atiku | aywa wawang wancakdriya | mêdharkên Wirangrong pupuh ||

220. WirangrongNama pupuh asli: Wirangwong.

1. Urang-urangan lingnya ris | têka bênêr Ulêr-jêdhung | sasuwene ingsun akarungu | ênggonmu cariwis | rarêmbugan lan Ula |

--- 3 : 190 ---

blêjat-blêjat amiyarsa ||

2. Ya mangêrti sawatawis | sira murih marang ingong | supaya mèluwa momor rêmbug | rèhning kita iki | golong kurang marsudya | marang pakartining budya ||

3. Mungguh mamanising angling | lawan patrap polahing wong | kaduk saru kasar kurang alus | apratela dhingin | sajroning pagunêman | labête kurang waskitha ||

4. Yèn ana katlojokmami | tatakrama myang calathon | marang mitraningwang kalihipun | muga-muga sami | kang agung apuranta | aywa na tikêl kang imba ||

5. Ulêr-jêdhung (n)jêngèk angling | èh manuk bagus mitrèngong | ywa uwus sumêlang pikirmu |Kurang satu suku kata: aywa uwus sumêlang pikirmu. gunêman lan mami | mapan sadurungira | wus sun-gêlarkên (m)bêg santa ||

6. Urang-urangan tumêling§ Prayoginipun / dumeling /. | mènglèng-mènglèng lingira lon | dhuh sumitraningwang kalihipun | sru lêganing ati | bangêt bungahmanira | wit sun krungu crita kuna ||

7. Yèn ta mungguh sarupaning | gumrêmêt miwah nalosor | anèng ngalamdonya kang kalêbu | golonganing pingging | ratuning cubluk nyata | iku Ulêr lawan Ula ||

8. Ginantungan nora sami | lir usus wêtêng ngalowong | pan samêngko ingsun uwus wêruh | nyipati pribadi | nyatane crita kuna | lire mangkene rungokna ||

9. Si Ulêr (ng)gonne nglakoni | taraktapabrata nglowong | nguda-uda sêdya (m)birat tuhu | ing raganirèki | yèn wus alus supaya | gampang lumêbuning lena ||

10. Yèku binasakkên mukir | nampik ganjaraning Manon | mungguh kang kadyèku têmênipun | pan bakal nampani | siksaning Kang Kawasa | dene ta mungguh si Ula ||

11. Nora nganggo takon maning | wus têrang lan katon mêlok | klèru kang panêmu nora arus | ngêndi ana tèki | anjurungi angkara | hawanêpsu lawan murka ||

--- 3 : 191 ---

12. Sayêktine bakal tampi | siksa karusakan yêktos | ananging ta mungguh kalihipun | wus kawilang sami | mêtu saka golongan | bodho sêpên ing graita ||

13. Pratandhane wus kaèksi | dene sira padha loncong | sêdya mlêbu marang sasar-susur | kang sira-lakoni | awit sajatinira | sira nora kawajiban ||

14. (ng)Gayuh mring prakara iki | èh wruhanta mitraningong | kaananing makluking Hyang Agung | ngalamdonya iki | kang pasthi luhur dhawak | dalajate mung manungsa ||

15. Yèku kang ginadhang Widdhi | têmbe munggah swarga kaot | mula sira padha nora sinung | kawajiban amrih | anggayuh kang mangkana | kang awit kaananira ||

16. Dalajat sakalir-kalir | wus ginadhang kadarbe wong | yèn ta mungguh aku ora parlu | (ng)gayuh kang kadyèki | jro tekat wus narima | pira-pira raga-para ||

17. Dene tinitah dadi |Kurang satu suku kata: Dene ta tinitah dadi. kaga Rang-urangan ingong | sandhang kang dakanggo pan saèstu | ganjaraning Widdhi | awarna wulu gilap | ingsun wus nora ngupaya ||

18. Karana thukul pribadi | sêtun mung mikir ngupados | ing sucine wulune rak uwus | dene kang dakbukti | sadina-dinanira | iya ganjaraning Suksma ||

19. Mêtu saka jroning warih | rupa-rupa iwak êloh | mula sabên enjang thênguk-thênguk | adhidhis daksambi | ngantuk nèng luhur tlaga | jro sêdya ngadhêp Hyang Nasa ||

20. Nyuwun cadhong kang dakbukti | ing kono apa kang katon | nèng sajroning banyu tlaga mau | rupa wadêr-pari | ucêng urang anulya | daksaut banyurbanjur. daktêdha ||

21. Ula manthêngêl lingnya ris | èh manuk kang lêbdèng criyos | kabèh ujarira kang dakrungu | tan na kang pinanggih | ing akal pisan-pisan | apa ing sajagat-raya ||

22. Amung manungsa pribadi | kang kasèrènan kinaot | guna sakti anung gung pinunjul | kalawan sirèki | apa durung miyarsa | dalil dhawuhing HyagHyang. Suksma ||

--- 3 : 192 ---

23. Wajidaha wajidahu | têgêse sing sapa yêktos | yêkti katêmênan mangguh iku | ing surasanèki | têmbung ingkang kawêdhar | tan ngarani juga-juga ||

24. Sadhengah-dhengaha dadi | nglakoni pakaryan yêktos | bakal tinêmênan ing Hyang Agung | lan manèh sirèki | lah manuk sumurupa | anane kang tatêmbungan ||

25. Saundha sabilik-bilik | pinantês ganjaran Manon | katêmuning rêmbug gathuk runtut | kabèh-kabèh iki | lêksananing kang sêdya | nora nana batalira ||

26. Apa ing sababirèki | sira sru ngêmohi lumoh | mring panggawe kang mangkanèku |Kurang satu suku kata: mring panggawe kang mangkana iku. èh si tukang criwis | age sira wêdharna | aywa sandeya ing nala ||

27. Urang-urangan ling aris | mêngko ta Ula nalosor | aku mau uwus caritèku | yèn sirèku uwis | kalêbu rajanira | cubluk tan wikan wicara ||

28. Dadi nadyan sira bangkit | (n)jara langit nganti mlompong | bisa (ng)gêmpur gunung pêksa klêbu | pakartining pingging | lah aja mungkir sira | awit wus akèh saksinya ||

29. Sira tan sinung pambudi | pratandhane sira (n)domblong | nora pisan-pisan (ng)gêpok gathuk | ing pangrêti maring | lungiting pagunêman | sira karo sumurupa ||

30. Mênggah rêmbugku kang uwis | tumuwuhe kang suraos | sabên-sabên enjang thênguk-thênguk | pinggiring talaga | tunggu wêninging tirta | ing kono apa kang ana ||

31. Banjur daksaut dakbukti | lamun sira durung wêroh | surasaning têmbung kang kadyèku | kang aran têlagi | sajatine pan manah | jroning tlaga ana tirta ||

32. Iku têtêlênging ati | iya budi kang sayêktos | diarani pancadriya tuhu | iwak nèng jro warih | sayêkti ingaranan | dunung paranning kang sêdya ||

33. Êmpan papanne kadyèki | ing sadina-dina ingong | nora pêdhot-pêdhot tansah muntu | amandêng pambudi | mawas ing pancadriya | yèn pêndêng-pêndêng ing nala ||

--- 3 : 193 ---

34. Ing pancadriyanirèki | uwus tinarbuka yêktos | wêning ênêng êning nganti kêtug | ing pamcamayèki | apa kang katingal |Kurang satu suku kata: apa ingkang katingal. ing sajroning pancadriya ||

35. Banjur kêna ingsunbukti | balik sumitrèngong karo | wus sami miyarsa raosipun | calathuku iki | têmênne mungguh sira | apa wis padha kabuka ||

36. Ula Ulêr samya angling | jatine durung mangêrtos | mara babarêna wardinipun | [...] |Kurang satu baris: 6i. ing nama pancadriya | Rang-urangan mèsêm lingnya ||

37. Panca lima wrêdinèki | driya wrêdi budi kaot | pancarane budi kinaryèku | mangka cêr-ancêring | pituduh kang sanyata | mangkene wiwijangira ||

38. Bab ati kaperang dadi | têlung pangkat ing sapakon | samya nglima-nglima pakartèkupakartiku. | tilingna kang dêling | babare pancadriya | aywa katungkul tyas mudha ||

221. Sinom

1. Pangkat sapisan ingaran | karsèndriya têgêsnèki | purbaning budi sanyata | pangucap ingkang sawiji | pangganda kaping kalih | paningal kang kaping têlu | pamiraos§ Prayoginipun / pamiyarsa. kaping pat | pangraos kalimanèki | pangkat ingkang kapindho mangkya winarna ||

2. Ingaran antarèndriya | wêrdi watawising budi | dhingin klawening kang asta | pindho tumindaking sikil | katri obahing dhiri | kêlaping lidhah ping catur | lima kêdhapingkêdhèping. netra | wus jangkêp petangannèki | pangkat ingkang katêlu mangkya jinarwa ||

3. Winastanan mayandriya | wêrdi wisesaning budi | rumuhun rasaning asta | kapindho rasaning sikil | katri rasaning silit | rasaning pêrji kacatur | dene jangkêpe lima | iku pan rasaning kulit | mangkya ulun mêdhar kang ran pancamaya ||

4. Wêrdining kang pancamaya | panca lilima utawi | pamêncaran têgêsira | maya adi bêning suci | gumilang padhang warni | katingal sae linangkung | aneka osik ika | karsèngsun têmbung

--- 3 : 194 ---

puniki | pancamaya angarani osik lima ||

5. Dene ta dumunungira | manggon antaraning ati | yèku jantung pratisthanya | minangka ancêr-ancêring | pituduh kang sajati | mungguh osiking jêjantung | dak perang têlung prangkat | padha nglilima pakarti | lah gobogmu sakarone tilingêna ||

6. Pangkat sapisan artinya | wêrdi karêntêging batin | ingaranan ringgamaya | yèku pan jumênêng osik | graita kang sawiji | angèsthi ping kalihipun | cipta kang kaping tiga | watak sakawanirèki | lawan ambêg jangkêpe petangan lima ||

7. Pangkat kapindho locita | warni pangrarasing batin | ingaranan ciptamaya | iya wahananing ngosik | angkara kang sawiji | birai ping kalihipun | satya kang kaping tiga | nyata ping sakawannèki | anggarjita jangkêpe etung kalima ||

8. Pangkat katri unandika | wêrdining unining batin | ingaranan wahyamaya | yèku lairing kang osik | pangangka§ Prayoginipun / panjangka. kang sawiji | pangira ping kalihipun | pangantha kaping tiga | panyakra sakawannèki | kalimane panyana titi wus tamat ||

9. Ula ulêr sru kacaryan | miyarsa ujaring paksi | thèngèl-thèngèl sirahira | ilat mèlèt wacana ris | dhuh manik mitramami | kalamun lêga atimu | lah aku critanana | undhe-undhe ingkang dadi | panrimane si raga tinilar suksma ||

10. Urang-urangan duk myarsa | pamintane mitra kalih | tyas suka marwata-suta | mènglèng wacananira ris | dhuh mitraningsun kalih | kang dadya ing panjalukmu | aku bakal carita | ananging panjalukmami | muga padha rasakna sayêktinira ||

11. Wus sanggêm Ulêr lan Ula | paksi ambanjurkên angling | kang mangka jêjêring crita | juru-tani mêthik pari | kang bakal kanggo wiji | rampunging pamêthikipun | diêpe sabên dina | manawa wus padha garing | gagangira banjur ingikêt siladan ||

12. Yèku ginèdhèng binêlah | gya sinimpên lumbung aglis | barêng tumêkaning mangsa | pari wiji pinèt nuli | kasêbar anèng sabin | tumêkaning wiji thukul | mênthongol saka gabah | dhuwur lagi sawatawis | klothokaning gabah kapêndhêm blêthokan ||

--- 3 : 195 ---

13. Kacrita klothokan gabah | rangu-rangu dènnya nangis | sêsambate mêlasarsa | èh wiji sira (m)bok eling | kala maksih taruni | wiwit sira lagi mêtu | saka sajroning kêmbang | jumênêng aranta pêntil | kita uwus ngêmuli marang ing sira ||

14. Rina wêngi kang anandhang | kapanasan kênèng riris | nora liya iya kita | kongsi tumêka kapêthik | dening ki juru tani | ing sadina-dina tamtu | kakênthang anèng latar | kita nandhang panas pêrih | ing wasana têkaning samangko sira ||

15. Thukul (n)dêdêl sêdya uncat | saking angga-kita iki | suka-suka pari-suka | nir èngêt purwanirèki | kang mangkono ing kapti | apa ta kêna dinumuk | ran tindak siya-siya | lan nganiaya sayêkti | awit mangkya kita têtêpakên nandhang ||

16. Luwih lara kasangsara | tan ana enake thithik | sira tinggal jro blêthokan | mindêng bilai pinanggih | èh babo-babo bibit | rasakna wusananipun | apa tinêmu sira | mungguh patrap kang kadyèki | tan bêbakal nandhang adiling Hyang Suksma ||

17. Wiji manis sung wangsulan | dhuh lae marambut kulit | sirèku busananingwang | ywa darbe uwas kuwatir | pisahira amargi | saking ing palêthèkingsun | iku sajatinira | wus anganakkên sayêkti | punang daya panggêndam kuwasaning Hyang ||

18. Ingkang mahanani bakal | luluhan amor sirèki | krana pisah amor ika | sabên pinurwa ing gaib | kang (m)buka tancêp yêkti | warananing nugraha gung | kang ing wuri satêmah | anarima diaranni | lesaning kang papasthèn karsaning Suksma ||

19. Wêkasan nganakkên ika | asor miwah pisahnèki | atma kalawan pramana | dyan ambabar daya iki | uriping rahsa-jati | têmahan pamolahipun | yun wimbuh nganakêna | tumurunning jiwa dhamis | mahanani catur apsara wêrdinya ||

20. Wêwadi ingkang sakawan | utawa papat wêwadi | ing kono catur apsara | pamolahe pan ana ing | kang cupu mahanani | daya astha-gina iku | dadi jumênêng jiwa | kang aran jiwa jinarwi | woring wiji kalawan cacangkokira ||

21. Utawa kang aran jiwa | woring wadhah lawan isi | mulane aja sumêlang | sirnakna tyas gung prihatin | karana kabèh iki | puntonne [pun...]

--- 3 : 196 ---

[...tonne] wus ana ingsun | cangkok mrambut duk miyarsa | sabdaning wiji patitis | analangsa tumungkul alon warana ||

22. Dhuh wiji wawarahira | kita tan bisa ngunggahi | banjur rumangsa karasa | nir nyanyampah mamaoni | mungguh panêdhamami | mring kang misesa badanku | bisa-a lir têmbungan | mituhu marganing asih | sarta anut miturut marganing wêlas ||

23. De pangati-ati kita | tan pêgat ngêdohkên maring | sakèhing kang kaluputan | nganakkakênnganakakên. anêmahi | kandêl kumandêl yêkti | wasana sah ing tancêpku | lan malih tekadingwang | sumarah ngandêlkên takdir | dak-sèndhèkke anèng mêmêt momot-kita ||

24. Èh ta Ulêr lawan Ula | wus cuthêl dongènganmami | ing bab panrimaning raga | apa sira wus mangêrti | Ula Ulêr nauri | èh manuk kang ambêg sadu | caritamu sadaya | carêming rêming dumêling | eling-eling surasa rasaning crita ||

25. Supaya bisa-a nyuda | mring bodhoning atimami | ana patakon manira | muga andhangana malih | ywa tanggung manuk wasis | (ng)gonmu asih marang ingsun | kang dhingin sapa ingkang | nuduhkên têmên lan siddhi | lakuningsun ingkang nora nganti lêpat ||

26. Kapindhone sapa ingkang | anyumêrêpkên sayêkti | marang kabêcikaningwang | kang nganti tan dènarani | cacad sasaminèki | kadiparan iku manuk | hèh Ula pamintanta | ingsun iya anglêgani | panêmuku mangkene piyarsakêna ||

27. Mungguh kang nuduhkên marang | laku têmên lawan siddhi | ingkang nora nganti lêpat | amung dumunung ana ing | kêmpalan papannèki | de kang nyumurupkên iku | mring kabêcikan ingkang | nganti datan dènarani | cacad amung dumunung nèng tatakrama ||

28. Krana mungguh surasanya | têmbung rong bab kang kawijil | dumunung anèng pahêman | têpaning kasujanan di | Ula duk amiyarsi | ngakak lenggok-lenggok muwus | ah wis cocog kalawan | rasaning atiku pêksi | nora luwih amung padha-a nglênggana ||

--- 3 : 197 ---

29. Pudya-harja karaharjan | ênggonne tumitah sami | dhewe-dhewe anèng donya | atuse caritamami | Paksi ngayuh wiyati | Ulêr Ula kari mangu | (m)banjurkên tarakbrata | titi dêdongèngan mami | rèh wus wanci prayoga padha bubaran ||

30. Risang Panêmbahan Rama | wus kondur marang ing panti | Cêbolang kari nèng langgar | wangsul mring pondhok Nurwitri | samya sakeca guling | (n)dungkap waktu awal Subuh | bêdhuge wus tinêmbang | santri mring langgar gumriwis | maca slawat miwah ngambil toya kadas ||

31. Mas Cêbolang nulya adan | laras slendro ngalik-alik | Panêmbahan wus mring langgar | bakda sunat dènkamati | Panêmbahan ngimami | rahab ingkang samya makmum | bakda Subuh pujian | praptèng wijiling Hyang Rawi | sasarapan wedang kahwa myang dhaharan ||

32. Sumusul katur mring langgar | bakdaning sarapan nuli | mumulang mring santrinira | pan mangkana sabên ari | nahan ta kang winarni | Cêbolang lan santrinipun | lami anèng Kajoran | datansah talabul ngèlmi | wanci enjing umarêg sang Panêmbahan ||

33. Kalawan santri sakawan | Mas Cêbolang mangênjali | makidhupuh lon turira | dhuh risang pinundhi-pundhi | pêpandaming ngapingging | têlênging agama luhung | ywa kirang pangaksama | mring patik kang kawlasasih | kalilamakalilana. ulun (n)dumugèkkên lampah ||

34. Tambuh paranne ing sêdya | tarlèn sumarah ing takdir | muhung pangèstu paduka | raharjaning lampahmami | awal têkaning akir | sumungkêm mundhi pituduh | nir sandeyaning nala | tumancêp ing manah siri | wus tan was-was ing wuwus tansah winawas ||

35. Mèsêm Panêmbahan Rama | pangandikanira aris | dhuh kulup woding tyasingwang | upama sira lêstari | ana ing ngarsamami | kalawan santrimu catur | ananging kadiparan | rèhning lalakonmu kaki | durung tutug iya kulup banjurêna ||

--- 3 : 198 ---

36. Amung ta wawêkasingwang | sadhengah sira lakoni | sadhengah panggawe rucah | kang eling kang ngati-ati | ingsun nora mekani | awit lagi nêptunipun | pangèstuku mring sira | muga-muga Maha Sukci | aparinga salamêt sasolahira ||

37. Mas Cêbolang ngaraspada | santri catur ganti-ganti | wus lèngsèr saking ing ngarsa | pra santri kathah umiring | sapraptanirèng sabin | sasalaman (n)dum rahayu | sinigêg ing Kajoran | nahan ta lampahirèki | Mas Cêbolang lawan santrinya sakawan ||

38. Nurut galênganing sawah | pantun gumadhung rêspati | bun nèng ron kataman surya | cumalorot lir sotya-di | maruta mandra ngidid | êbun kang ron mêntul-mêntul | pindha sasêngkangira | kênya rinabasèng rêsmi | pêcahing bun wus kataman ing asmara ||

39. Waspa sêndhêgsêndhêt. marawayan | wimbuh marêgakên ati | wênês ijone sumunar | nênangi langêning rêsmi | ana lagya mlêncuti | punang pantun mungup-mungup | pindha dyah anyêngaja | mimintokkên warnanèki | sêmu ajrih labête maksih sêngkêran ||

40. Kumriwiking we tulakan | tinut mina alit-alit | kalamun bisa-angucap | isthane kadya ngaturi | dhuh risang (n)don lumaris | mugi kèndêla rumuhun | wijika kang supadya | nir rapuh ing suku kalih | yèn wus têntrêm linajêngna lumaksana ||

41. Pêcuk blêkok kontul cangak | nucuk udhèt wadêr pêrcil | kinarya ngloloh piyiknya | angambara nolih-nolih | saistha lir ngaturi | marang kang lumaku urut | dhuh lae kaparênga | mampir dhatêng susuhmami | aparinga pangèstu maring sutamba ||

42. Sru karênan Mas Cêbolang | kalawan sakawan santri | dadya rêmbêting lumampah | mancat parêdèn lit-alit | tumurun jurang trêbis | èrèng-èrèng singup-singup | praptèng wana trataban | tan ana dhusun kaèksi | Sang Hyang Surya wus mocung kang silêm arga ||

--- 3 : 199 ---

222. PocungTeks asli: Pucung.

1. Candhikayu sumunar datan adangu | surêm kang ujwala | nuju panglonging kang sasi | mubyar ingkang taranggana ngantariksa ||

2. Walangkècèk bajangkrèk lan walang angkup | (m)bukani nyuwara | jangkrik ngêrik gangsir ngênthir | orong-orong babaksalu babarungan ||

3. Kinjêng-tangis mêngkas-mêngkis dènnya nusul | (ng)giyêng kêkayangan | kombang tawon anggrêmêngi | cênggèrètnong nunut nêsêgkên irama ||

4. Paksi bêluk sauran kalawan êngkuk | uwêg bêluk gowak | bênce tuhu lan prit-gantil | adol swara rêbut unggul angalela ||

5. Mas Cêbolang kalawan santrinya catur | kèndêl sor palasa | cakêt sêndhang tirta wêning | wêktu Mahrib wus pot dadya tan sêmbahyang ||

6. Lingira rum bayèki timbanganipun | duk nèng Ngèksiganda | pinuju ing sasi bêcik | myarsa gangsa sinindhènan thuyul nyanthas ||

7. Ki Saloka angling dhaup kaotipun | nèng ing praja berag | kadhang lajêng anong-uning | wontên ngriki angrês tistis tyas sar-saran ||

8. Lah Kemase§ Prayoginipun / Kimase. Nurwitri aywa makewuh | êndi kang kinarsan | mumpung nglela andhèwèki | tutug têtêg sakarsa-karsa kalêgan ||

9. Ki Nurwitri (ng)guguk lingnya nora ya-uk | ing samêngko kakang | kang mêngkono nora sudi | wus narima muhung mirêngkên kewala ||

10. Sloka matur bilih kaparênging kalbu | pados pasipêngan | punika têngah wanadri | bokmanawi wontên ingkang agêgriya ||

11. Kawistara kukusing latu kumêlun | Mas Cêbolang dhangan | linggar angupaya margi | sasêlaning êri cangkring bobondhotan ||

--- 3 : 200 ---

12. Prapta sampun panggènanning kanang kukus | bêdhiyan maju pat | têngah ana wisma alit | dumunung ing pogoganing catur wrêksa ||

13. Marganipun minggah mandhap wrêksa catur | pindha (n)dhak-undhakan | Saloka (m)bêngok manginggil | kulanuwun kulanuwun kyai wisma ||

14. Yata wau kang anèng ranggon winuwus | Ki Wrêksadikara | abdidalêm sri bupati | Kalang-kamplong lurahe sakèhing Kalang ||

15. Duk angrungu ana swara bêluk-bêluk | angêngakkên lawang | nyangking oncor nulya mijil | kawistara ana dhatêngan lêlima ||

16. Gya tumurun tundhuk ingaturan laju | kerit samya minggah | sadaya wus manjing panti | satataning jarambah galar pring kresna ||

17. Ki Wrêksa sung pambagya samya rahayu | anak sadayanya | kang sami dhatêng ing riki | ulun nilakrama ywa kurang aksama ||

18. Kang sinambat wutah rah myang sêdyèng kayun | Mas Cêbolang lingnya | pangèstunipun kiyai | kula tuwin prikanca sami raharja ||

19. Kula nami Cêbolang de rencang-ulun | Nurwitri Saloka | Kartipala Palakarti | asal saking tanah Kêdhu ardi Bisma ||

20. Santri gapuk ngaluyug tambuh pinurug | wontên Ngèksiganda | sampun sawatawis lami | mangkya ulun badhe dhumatêng bang-wetan ||

21. Ki Dikara manthuk-manthuk ngandika rum | kalingane (n)dika | kang dadi sudarawêrdi | lawan Kimas Têngara ing Pakauman ||

22. Sèwu botên nyana yèn sagêt kapangguh | èstu rahkim rahman | Pangeran Kang Murbèng Bumi | krêntêging tyas botên mawi kasamaran ||

23. Sampun lami (ng)gèn-ulun kapengin wanuh | lawan jêngandika | nanging dèrèng amarêngi | lagya mangke pinarêng sagêt pinanggya ||

--- 3 : 201 ---

24. Nanging botên sagêt sung bujana suguh | paran pangupaya | gêlik-gêlik nèng wanadri | tanpa tangga têbih dhusun mancalima ||

25. Tyas saharju langkung suka rênèng kalbu | sasagêt kumêdah | nyugata sawontênèki | lah kantuna pinarak wontên ing wisma ||

26. Ki Dikara grobyag ngêngakakên pintu | nyangking kudhi trantang | tumurun wus tan kaèksi | tan pantara dangu dhatêng ambêbêkta ||

27. Kidang kalih pisang êmas kawan tundhun | nanas pakèl duryan | nangka manggis klampok-wangi | dhuku jêruk pundhung tela gamblot buta ||

28. Ngundhung-undhung anèng ngandhaping wrêksa gung | Ki Dikara lingnya | ki tamu salah satunggil | tumurunna angrencangi (m)bêkta minggah ||

29. Para tamu sadaya samya tumurun | punika sasêgah | sawontênne ing wanadri | lah sumangga rahap rêsêp ing wardaya ||

30. Kula kantun ngêlèti kidang rumuhun | tamu gangsal samya | ngusungi (m)bêkta manginggil | Ki Dikara mbêkta kidang wus pinêcah ||

31. Ginantungan ulam kidang pating grandhul | wacucal pinênthang | dadèk api wus andadi | bumbu-bumbu myang piranti wus cumêpak ||

32. Sarêm asêm cokak gêndhis arèn arum | lah anak sumangga | kinarya jampi kalantrih | ngropok ulam tanapi nadhah woh-wohan ||

33. Minum lêgèn kêlapa arèn ing bumbung | sakawontênannya | Mas Cêbolang ananggapi | dhuh kiyai kalangkung panuwun-kula ||

34. Payo kakang aywa nganggo sigas-sigussigan-sigun. | rahap sadayanya | sasênênge kang binukti | ngropok ulam miwah anadhah woh-wohan ||

35. Samya tuwuk ana ingkang lajêng ngantuk | bêtèke katoran | bantalan sampun cumawis | wrêksa randhu jinêgong tinrapan

--- 3 : 202 ---

carma ||

36. Wawi anak gêgêr boyok samya dènluk | sambèn gêgotèkan | kang sinung ngling nglêksanani | Mas Cêbolang tatanya mring kyai wisma ||

37. Ulun nyuwun sêsêrêpan èstunipun | sintên kang sinambat | kalawan darunanèki | têka ngranggon gêlik-gêlik wontên wana ||

38. Anak bagus awon-awon raganingsun | abdidalêm lurah | Kalang-kamplong sinung nami | Kyai Wrêksadikara myang sinung lênggah ||

39. Satus karya dadose salawe êjung | anak putu kathah | nanging sami wismèng nagri | dene ingkang dados kêwajiban kula ||

40. Apitêdah margining kanang wana gung | ingkang pancèn gawat | punapa dene agampilarumpil. | kula kang kawajiban suka katrangan ||

41. Tinartamtu kêdah wruh pratikêlipun | panêgoring wrêksa | kalawan pamilihnèki | lênggahipun wrêksa kinarya dandosan ||

42. Paraboting wisma lawan dhapuripun | Kimase Cêbolang | (n)jènggèl aturira aris | kaparênge mêdharakên purwanira ||

43. Ingkang turut kawit mulabukanipun | supados narbuka | pakarti kang dèrèng uning | Ki Dikara manis mêdharakên sabda ||

223. Dhandhanggula

1. Kacarita kalanipun nguni | griyanipun tyang Jawi sadaya | sami sela kang dèn angge | ing pasang rakitipun | wawangunan amirit candhi | sarêng jumênêngira | Jayabaya Prabu | kang ngadhaton ing Mamênang | akagungan punggawa kalangkung awig | nama Dipati Santan ||

2. Pinarcayèng ambudi sakalir | kawruh ingkang paedah mupangat | marang jalma sadayane | kala salêbêtipun | tahun Surya angkaning warsi | asthatus sèkêt warsa | ing taun Sitèngsu | sami asthatus kalawan | asthadasa titiga Ki Adipati | andarbèni pamanggya ||

--- 3 : 203 ---

3. Griya sela ing nginggilirèki | aprayogi bilih sinantunan | kajêng jati sasamine | de kang taksih lêstantun | saking sela mung pagêrnèki | pramilane mangkana | amrih ènthèngipun | nir mutawatosing driya | saha langkung gampil panggarapirèki | tinimbang lawan sela ||

4. Lamun sela lêstantun nèng nginggil | (n)jing-anjingan tinurut we jawah | lami-lami rênggang rèmpèl | (n)jalari risakipun | yèn wus risak gingsir ngoncati | rêntahnya ambêbêkta | ing sacêlakipun | ambrol damêl kasangsaran | pamanggihe Ki Dipati kang kadyèki | kunjuk (n)jêng sri narendra ||

5. Sakalangkung kaparênging galih | adipati nulya dhinawuhan | iyasa badhe santunne | dalêm kadhatonnipun | wit kapasang yogya marêngi | kadhaton samya rêngka | (n)jing-anjinganipun | namung sanggyaning wangunan | lumastari kadya duk ing nguni-uni | mandragini panêngran ||§ Prayoginipun / paningrat.

6. Paripurnaning kanang pakarti | wus tetela gampil myang paedah | anulya ingundhangake | santunning griya wau | lami-lami griyaning alit | pagêr sela binucal | santun pagêr kayu | sinigar-sigar blabagan | ing panggarap ugi sakalangkung gampil | tinimbang pagêr sela ||

7. sarêng jumênêngnya sri bupati | Widayaka ing Mêndhangkamulan | karsa angadani rêke | iyasa kadhaton gung | saha yasa kalang bupati | anama Kalangkaba | panêkarnya catur | golongan de namanira | Kalangblandhong ugi Kalangkamplong nami | dwi Kalangkobong nama ||

8. Katri Kalang-apêk namanèki | catur Kalangbrèt namanira |Kurang satu suku kata: Kalangbrèt ing namanira. wêktu puniku wontênne | purwane punang dhapur | griya-griya mawarni-warni | sarêng ing sapunika | Kalang kasbut ngayun | ingkang dèrèng nungkul kathah | kang wis nungkul lajêng kaparingan nami | winastan Kalang-mêndhak ||

9. Mangkya ulun mêdhar pamilihing | kajêng jati êmpuk atos kathah | sagêt gêng-agêng uwite | puniku ingkang thukul | nèng parêdèn tuwin wanadri | nèng siti abrit krêsna | dene ingkang

--- 3 : 204 ---

thukul | nèng siti abrit prayoga | dhasar atos sêrat rêntêt alus klimis | warninipun anglisah ||

10. Ingkang thukul anèng siti langking | dhasar êmpuk sêrat gopok miwah | mrupuk ngêndhal lir pulute | ananging nadyan jumbuh | sami thukul ing siti abrit | mawi tundha tri pangkat | sapangkat winuwus | jati abang dhasar kilang | alus rêntêt anglisah iku prayogi | awèt kangge dandosan ||

11. Kalih jati-kêmbang ugi nami | jati-sungu dhasaripun krêsna | srat lêr-lêran lir sêkare | utawi mirit sungu | awèt kangge dandosan nanging | kasor lan jati-abang | katri jati-kapur | dhasar êmpuk gopok kang srat | miwah mrupuk wujudipun pêthak kusi | yèku asor pribadya ||

12. Pikajênge tiyang bangsa Jawi | kajêng jati punika agadhah | angsar awon miwah sae | ingkang dènanggêp luhung | anggadhahi angsar prayogi | karêjêkèn raharja | ing sasamènipun | kang angsar botên prayoga | anjalari kamlaratan gung prihatin | punika wus dilalah ||

13. Wujud saha warni sawlas warni | kang sawarni kajêng kang witira | satunggal kalih pakahe | punika namanipun | ugêr-ugêr watakirèki | kang ngênggènni raharja | sarayatnya guyub | prayogane manggènnira | pan kinarya gêr-ugêr korining pasthi§ Prayoginipun / panti. | myang kori cêpurinya ||

14. Togog ingkang nglêbêt pancaksuji | atanapi grogol sasaminya | kapindho tiga pakahe | Trajumas namanipun | watêg ngathahakên rijêki | prayogi manggènnira | kangge wisma pungkur | bêbalungan lêluhuran | kang gung-agung pangêrêt balandar tuwin | molo sasaminira ||

15. Katri kajêng kang dipunsusuhi | paksi agêng tuwin kapondhokan | sadhengah buron wanane | kanamakakên Tunjung | watêkipun botên prayogi | angêndhakakên drajad | sartane puniku | angrusakakên ing sêdya | manggènnipun kangge gêdhogan utawi | kandhanging rajakaya ||

--- 3 : 205 ---

16. Catur uwit utawi pangnèki | kathukulan simbar nama Simbar | pan asrêp adhêm sawabe | prayogi manggènnipun | kangge balungane kang masjid | langgar surambi lawan | balunganing cungkup | tanapi sanggar planggatan | sasaminya wisma panêpèn pan suci | dhingin pasêmonira ||

17. Kaping gangsal ing satunggal uwit | pakahipun wontên cacah gangsal | punika Pandhawa ranne | watêkipun linuhung | langkung rosa ingkang ngênggènni | prayoga manggènnira | kinarya puniku | babalunganing pandhapa | utaminya kangge sakagurunèki | samubarang santosa ||

18. Kanêm kajêng ingkang thukul munggwing | ing pêpunthuk winastanan Monggang | nginggahkên drajat watêke | rajêkinya sêmpulur | prayogine myang manggènnèki | kinarya babalungan | regol tuwin panggung | bangsal miwah pasanggrahan | sasaminya ingkang botên dèn-ênggonni | myang katilêman janma ||

19. Kaping pitu wit kinubêng warih | dèn-namakkên Molo watêkira | angasrêpakên sartane | anyantosakkên kalbu | prayogine manggènnirèki | kinarya babalungan | pandhapa puniku | mèh sami kajêng Pandhawa | nanging taksih kaanggêp dèrèng nyamèni | lawan kajêng Pandhawa ||

20. Wolu ingkang sinusuhan paksi | alit-alit utawine bangsa | gumrêmêt manggèn uwite | nama Gêndas§ Prayoginipun / Gendam / kados kasbat pada 21 ingandhap. saèstu | kang ngênggènni rijêki mintir | sartane sugih rencang | dene manggènnipun | kaangge gêdhogan lawan | kandhang rajakaya lir tunjung ing ngarsi | ananging èstunira ||

21. Kanggêp sae kajêng Tunjung ngarsi | kajêng Gêndam malih prayoginya | kangge pirantos kalane | bubujêngan myang manuk | glodhog tawon bêkungkung tuwin | tangkêban pasangannya | kêthèk tukang lutung | pikat ing sasaminira | asêrêpan saha botên nguciwani | tur sumbon kêrêp angsal ||

22. Sanga kajêng kang trubus saking wit | winastanan Gendhong karêpira | nyugihakên kaskayane | saking ing ngandhapipun | prayoginya myang manggènnèki | kangge gêdhong simpênan |

--- 3 : 206 ---

tuwin wadhahipun | arta bandha raja-brana | warni bênèt garobog pêthèn myang pêthi | têntrêma tambah-tambah ||

23. Kasadasa kajêng ingkang mawi | gimbol mungging dêlêg winastanan | kajêng Gêdhêg de watêke | anguwawèkkên sagung | pasimpênan arta brana di | prayogi manggènnira | lawan Gendhong jumbuh | kangge gêdhong pasimpênan | rajabrana tuwin bênèt pêthèn pêthi | jênêk awêwah-wêwah ||

24. Kasawêlas ingkang amungkasi | kajêng ingkang wontên gandhikira | winastanan Gêdhug sae | nyugihakên saèstu | rajakaya sarta (n)jalari | wilujêng sumarambah | ing sakaliripun | prayogi myang manggènnira | kangge sawarnining wadhah barana di | tuwin kang rajakaya ||

25. Sadayèku ingkang saupami | akalintu patrap panganggènya | anjalari ing awonne | ananging jumbuhipun | botên kadi ingkang nglênggahi | manggèn ing kanang wrêksa | winastanan dhaup | mupangati kasaenan | mangkya ulun mêdhar kajêng kang tinampik | kang awon angsarira ||

26. Èngêt-ulun wontên nêmblas warni | jugar kajêng nglêbêtipun mawa | kulit punika namane | Klabang-pipitan èstu | anggadhahi watêg pênyakit | apan winastan panas | dwi kajêng kang rubuh | angrubuhi sami wrêksa | winastanan Tundhung watêkira asih | karya won myang pitênah ||

27. Katri kajêng ingkang rêbahnèki | malang lèpèn margi myang jujurang | nama Sandha de watêke | angêrêpkên kasandhung | ing prakawis rinakêt sakit | catur kajêng kang rêbah | numpang tunggakipun | yèku winastanan Sundhang | watêkipun dhumatêng ingkang ngênggènni | binancana ing ngandhap ||

28. Panca kajêng ingkang rêbahnèki | sumendhe nèng kajêng maksih gêsang | watêkipun ingkang ngangge | kalorot drajatipun | kabêncana saking tanggèki | sad kajêng Kèli nama | sarah watêkipun | kang ngênggènni kacuwan tyas | sarta suda-suda rijêkinirèki | dumadya kamlaratan ||

29. Sapta kajêng Kala gêsangnèki | bolong-butul sru awon watêknya | sintên tiyange kang ngangge | asring kataman èstu |

--- 3 : 207 ---

ing dadamêl tan dènniyati | astha kajêng brodhol kang | mêdal manahipun | winastanan Wutah-mamah | watêkipun tangèh sagêt simpên wadi | nglacutkên pikajêngan ||

30. Nawa kajêng sol rêbah pribadi | winastanan Prabatang wataknya | gagarkên barang sêdyane | nyuda darajatipun | kasadasa kakum ing warih | myang kapêndhêm ing kisma | Gombang namanipun | watêg miwah angsarira | kang ngênggènni kêrêp dipitênah maring | satru angkara murka ||

31. Sawlas kajêng kang pêjah pribadi | winastanan kajêng Angga-linggang | watêkipun ingkang ngangge | tan kadugèn sakayun | apês sarta nandhang gagêring | kalihwlas kajêng ingkang | kalane panambut | angrêbahkên rêbahira | damêl kagèt sakèhing kewan wanadri | kang galak ngantos nywara ||

32. Nama Gronang watêg kang ngênggènni | angsal ginêm kang tan prayoga |§ Prayoginipun / datan /, njangkêpi kiranging guruwilangan. saking wong agung panggêdhe | triwlas kajêng tarubus | tumèmpèle êpangirèki | winastanan Gandhongan | dene watêkipun | kang ngênggènni kathukulan | pikajêngan ingkang awon nir prayogi | nimpangnyimpang. mring karaharjan ||

33. Kawanwêlas kajêng labêtnèki | akabêsmèn winastanan Gosang | watêknya asring kabêsmèn | gangsalwêlas kang kayu | kasangsang ing êpang anami | Brogang de watêkira | kang ngênggènni namung | tansah kapambêng kewala | sabarang rèh kang dadya karsanerèki | tan ana kang kalakyan ||

34. Kanêmbêlas ingkang amungkasi | kajêng gapuk nglêbêting dagingnya | yèku Buntêl-mayit ramneranne. | dene ta watêkipun | kang ngênggènni supenan maring | samubarang pakaryan | ingkang parlu-parlu | sarta asring-asring gadhah | sakit lêbêt titi ingkang tan prayogi | yèn sagêt siningkiran ||

35. Sanès ginêm kula andarbèni | kalowongan kakalih tarêbang | kantun masang wacucale | kajêng nangka kang agung | kajêng rawan tarêbang alit | kapasang yoga angsal | kidang kalih wau | lulang tinrap ing tarêbang | angêntosi ragi garing sawatawis | têmbe kinêrok iras ||

--- 3 : 208 ---

36. Rèhning mangsa katiga manawi | kawan dintên kewala wus babar | lajêng kula aturake | dhumatêng anak-bagus | rèh lunga nis tambuh kinapti | inggih ta jêngandika | wus sinêdyèng kalbu | sarêng abdinta sakawan | kadiparan bilih katalangso bukti | punapi papariman ||

37. Kados wirang pinalaur lalis | myang ngênirkên sakèhing panyana | lulus (m)bêbarang wastane | sak (ng)gèn-ênggèn pikantuk | botên wontên kang sangga-runggi | lah mugi kagaliha | ywa sandeyèng kalbu | wong tuwa amurih nistha | botên pisan-pisan kang makatên kapti | tan lyan mung mrih widada ||

38. Mas Cêbolang kalane miyarsi | ing wuwuse Ki Wrêksadikara | gumregah atrapsilane | mrakati saha matur | dhuh kiyai kang tuhu asih | mring mudha kawlasarsa | sabda kang dhumawuh | kalangkung kalingga murda | insa Allah saèstu kula lampahi | lawan sarjuning manah ||

39. Nadyan ngantos sawulan ngêntosi | ing rampunge kakalih tarêbang | botên wontên pakawêde | wimbuh tyas sru kapencut | nyumêrêpi lajêngirèki | babaring pangandika | kawruh kang kawuwus | ki Dikara sru karênan | sukur-sukur si anak anayogyani | ing pamrayoginingwang ||

40. Lah suwawi sasareyan malih | lothung-lothung angsal saliyêpan | amrih ywa prungsang enjinge | nahênta wanci bangun | Ki Dikara tandya lumaris | angupados sasêgah | tamu ingkang kantun | ing satanginira nendra | akarênan miyarsa swaraning pêksi | kapungkur langên-praja ||