Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

224. Pangkur

1. Cocak kuthilang kapodhang | kacêr punglor sikatan lan srigunting | jalak-urèn jalak-pênyu | dlèdukan salindhitan | bèthèt dêruk sêpahan putêr dêrkuku | bêkikèring ayamwana | bêrkutut manggung rêspati ||

2. Mèh rahina masêmu bang | Ki Dikara prapta palanggrongnèki | nyangking kahwa myang (ng)gonnipun | kalawan ayamwana |

--- 3 : 209 ---

èstri madhêp wayah kumanggang kang jalu | kalawan sakrênêng tigan | satawana kang cêmani ||

3. Kahwa jalu tinja-luwak | gya ginorèng sangan wus mambêt gurih | wêtahan datan binubut | nulya kinarya wedang | gêndhis arèn bêrsih kuning ganda arum | linalapakên kewala | sarapan tigan cêmani ||

4. Mêntahan mung ingkang jênar | inguntalan sarêm palêtuk bêrsih | anuntumkên angga rapuh | kêngkêng mathêngthêng kuwat | dènnya samya sarapan langkung pikantuk | ki wisma nglajêngkên kojah | sambêtipun wau ratri ||

5. Nêgor kajêng jati ingkang | badhe sae awèt anggènnirèki | kêdah katêrês rumuhun | panêrês prênahira | nèng pok kang wit kintên-kintên longkangipun | tiga utawi sakawan | kaki saking sitinèki ||

6. Binacoka têmu-gêlang | wiwit kulit dumugi warni abrit | gya (ng)gègrègi êronnipun | saha lajêng galinggang | yèn wus wontên sataun panêrêsipun | kenging tinêgor jalaran | wus garing tan nguciwani ||

7. Rêbahing panêgorira | kaangkaha rêbah mangalèr tuwin | mangilèn sartane sampun | dhawah ing kajêng ingkang | taksih gêsang kasangsang sasaminipun | kantêp sapanunggilannya | kang dadya tampikan ngarsi ||

8. Tingkah amrih sumêrêpa | dhawahipun pucuking kajêng nênggih | kang yun dènrêbahkên wau | nangguh ing wanci enjang | utawine wanci sontên ingkang jumbuh | wayangan sami wujud lan | panjangipun ingkang uwit ||

9. Upami kalêbêt ingkang | panjangipun gangsal kaki mandhiri | mangka wawayangannipun | ingukur ugi gangsal | pan wayanganing kajêng ingkang kinayun | rinêbahkên kaukura | sapintên panjangirèki ||

10. Yèku badhe ukurannya | saking bongkot dhawah ing pucuknèki | pratikêl makatên wau | ugi tumrap kinarya | nêpsir panjang cêlaking kajêng kang ayun | kangge dandosanning wisma | kadi ta upaminèki ||

--- 3 : 210 ---

11. Badhe dipun angge saka | ingkang panjangipun dwidasa kaki | manawi wayangan wau | wontên utawi langkah | saking kalihdasa kaki èstunipun | badhe cêkap kangge saka | panjang kalihdasa kaki ||

12. Wondene panêpsirira | gênging pucuk ugi kenging kapirid | saking gênging bongkotipun | upami kajêng ingkang | nênêm kaki ubêngipun bongkot wau | mangka wiyaring wayangan | namung wontên kalih kaki ||

13. PucukingPucuk ingkang. kang wawayangan | pan ingukur wiyar wontên sakaki | wus tamtu agênging pucuk | tigang kaki ubêngnya | panêpsir kang makatên ing adatipun | inggih asring tuna-dungkap | nanging amung sawatawis ||

14. Pangangkah dhawahing wrêksa | mrih sagêda prayogi dhawahnèki | kêdah pinarnahkên dunung | sêlaning kajêng gêsang | sinrapatna pang alit-alit pikantuk | supados ywa nêmah rêmak | gêtêm kantêp tibèng siti ||

15. Saupami ing pangangkah | rinêbahkên mangalèr dhawahnèki | ingkang êlèr miwah kidul | ginêthak myang kapacal | ingkang êlèr ing ngandhap panggêthakipun | låbêtnya kalih bageyambageyan. | kidul sabageyan naming ||

16. Bêngganging gêthakan ngandhap | lawan nginggil sarta ing nginggilnèki | pamacal tamtu miturut | agêng aliting wrêksa | saupami samangsa agêngipun |Kurang satu suku kata: saupami ing samangsa agêngipun. bêngganging nginggil lan ngandhap | tinartamtu mung sakaki ||

17. Ing nginggil pamacalira | timartamtutinartamtu. amung sakawan kaki | manawi gêngnya saprangkul | bêngganging nginggil ngandhap | apasapan. namung saprapat kaki wus cukup | de ing nginggil pamacalnya | satunggal satêngah kaki ||

18. Sanadyan wrêksa kang arsa | rinêbahkên mangidul dhoyongnèki | yèn patrap lir ngajêng wau | tamtu ngalèr rêbahnya | Mas Cêbolang tatanya wiwijangipun | kang winastan gêthak pacal | Ki Dikara lingira ris ||

19. Anggêthaki ngêthok ingkang | botên ngantos tugêl rêbah kang uwit | dene kapacal puniku | sanginggiling gêthakan | dipun

--- 3 : 211 ---

pêrang amancas kakruwêg gathuk | têpang kalayan gêthakan | kadi warah kasbut ngarsi ||

20. Nahan sasampuning rêbah | gya kaprèjèng utawi dènwastani | kariban wiwadanipun | ngiras anitik manah | margi manah botên tamtu manggènnipun | têrkadhang wontên ing têngah | têrkadhang wontên ing pinggir ||

21. Utawi manggèn ing manah | minggak-minggok tan turut têngah pinggir | mênggahing pangangkahipun | ingkang sae piyambak | pan binucal sampun wontên ingkang kantun | winastan kajêng bèthètan | tulus botên mutawatir ||

22. Madyaning manah nèng têngah | ingkang minggah-minggok manahirèki | pinarnahna ênggènnipun | ing pinggir lan ing têngah | mênggah ingkang nami kaprèjèng winadung | patraping wadung piwasangpinasang. | miring nèng sangkalirèki ||

23. Kajêng ingkang winadungan | iringannya ing kanan miwah kering | wondene karimban wau | wadung methok pinasang | kang winadung lumahing kajêng puniku | kang nginggil miwah ing ngandhap | ing panggarap kêdah wradin ||

24. Yèn wus pinanggih manahnya | gya kinêthok miturut manahnèki | lajêng kasipat dhinapur | pasagi nanging panjang | gya ginêmbês pungkasaning bongkotipun | gêmbês punika pêtholan | ingkang dipun-trapi tali ||

25. Kadamêl nyarat kang wrêksa | gêmbês wau wontên kakalih warni | bilih tanah ardi kidul | Kaduwang saurutnya | isthanipun wawangunan kadi ngluluk | pundhaking gêmbêsan kadya | dhapuring kang gêndul gilig ||

26. Manawi gêmbêsan tanah | rêdi êlèr Kêndhêng saurutnèki | namung sapalih winangun | kadi cènggèring ayam | bilih sampun dados gêbêngan puniku | utawi balok namanya | sakarsa-karsa wus kenging ||

27. De bilih badhe kinarya | talang wuwung utawi dandosanning | baita sasaminipun | kêdah manah kabucal | sarta cinalonan sadhapuring wuwung | kalawan dhapuring talang | baita sasaminèki ||

--- 3 : 212 ---

28. Panyigaring kanang wrêksa | naminipun kapaju patrapnèki | rumuhun kakêncong mujur | wit pucuk trus bongkotnya | kiwa-têngên utawi ngandhap myang luhur | kêncongan ing nginggil nulya | katancêpan paju wiwit ||

29. Pucuk dumugi bongkotnya | longkangipun paju sami nyakaki | sakathahing paju-paju | ginandhènan dumugya | ing kêncongan ngandhap têrusaning luhur | wradin paju têkèng ngandhap | gya sinigar langkung gampil ||

30. Wondene ta kajêng ingkang | agêng-agêng patrap panggarapnèki | ing bongkot utawi pucuk | kang labêt gagêthakan | kakêncongan malang gya tinrapan paju | mugi lajêng ginandhèna | yèn kajêng gênge samundhing ||

31. Gandhènipun sêmprong nama | gênging sêmprong tinartamtu ngungkuli | gênging kajêng kang pinaju | sêmprong ginantung malang | nèng wit-witan ingkang cakêt ngriku | kinandhut tinarik ngangkah | sagêt nuthuk paju sami ||

32. Ing sasampunipun sigar | dyan rinimbas utawi dènprèjèngi | kadamêl saprêlunipun | gêbingan myang balabag | têrangipun ingkang sama kêncong mujur | sakiwa-têngênning wrêksa | utawi ing ngandhap nginggil ||

33. Winadung amujur§ Prayoginipun / Winadunga mujur /. panjang | awit bongkot dumugi pucuknèki | kados kakalènan mujur | wondene kêncong malang | pêrnah bongkot utawi kapêrnah pucuk | winadung supados krowak | kenginga dipunsêsêli ||

34. Ing paju sacêkapira | mênggah paju wau ingkang kinardi | kajêng jati ingkang burus | ing bongkot wradin papak | pucuk lancip radi gèpèng wujudipun | dene agêng panjangira | dinugi kang nguwawèni ||

35. Kang nama kajêng kocoran | panêgornya tan tinêrês rumiyin | maksih gêsang angrêmbuyung | gya tinêgor kewala | patrap-patrap panêgor pangrêsbasipunpangrêbasipun. | pamrèjèng sasaminira | kadi kang kasêbut ngarsi ||

--- 3 : 213 ---

36. Mung wusing dadya gêbingan | gya kinêthok ginambang tharik-tharik | kadi ambèn isthanipun | nèng panggonan kang banar | laminipun tigang wulan para langkung | punika sampun prayoga | kaangge parabot panti ||

37. Yèn kajêng badhe baita | tuwin wuwung talang sasaminèki | panggènan pamênthèngipun | kang asrêp myang keyuban | laminipun ugi tigang wulan langkung | sanadyan kajêng kocoran | sagêt awèt sawatawis ||

38. Mangkya bab sirap winarna | naminipun wontên sakawan warni | sawarni Dumba rannipun | wiyarnya ing ukuran | kalih-têngah kaki sapaginggilipunsapanginggilipun. | panjang wiwit ukur tiga | kaki sapanginggilnèki ||

39. Kalih sirap Gupe rannya | lawan Dumba gêng panjang botên sami | ukur awit wiyaripun | satunggal kaki minggah | panjang kalih satêngah kaki ingukur | minggah dumugi ukuran | kirangipun tigang kaki ||

40. Tiga nama sirap Dhara | wiyaripun pitung êdim manginggil | dene ukur panjangipun | pan kalih kaki minggah | catur sirap gêdhong dene wiyaripun | namung sêkawan dim minggah | panjang gangsalwêlas êdim ||

41. Kajêng kang kadamêl sirap | tinartamtu awèt tan nguciwani | têtêrêsan ingkang burus | manawi bangsa ngandhap | tiyang alit purun damêl sirap wau | saking glinggang saha brungkah | manawi pundhutan aji ||

42. Tuwin para luhur samya | kêdah nêgor saking têrêsan tuwin | nêgor ingkang taksih idhup | piliyan ugi ingkang | burus mulus nir cacat saurutipun | patraping panyigarira | sampuning rêbah kang uwit ||

43. Pinilih kang tanpa cacat | sêrat burus kadi kasêbut ngarsi | ginêthak sasisihipun | sapanjanging kang sirap | dipun-ancas angiras kadamêl lancur | gêthakan gya kaanjingan | paju lajêng dèn-gandhèni ||

44. Paju kang kapara kathah | patrapipun kapara krêp prayogi | mila makatên liripun | urut sêrating wrêksa | saha botên pêcah nalisir

--- 3 : 214 ---

myang rêmuk | yèn wus dadya balèbèkan | gya rinimbas dèncalonni ||

45. Wangun sirap sakarsanya | nanging taksih kandêl wujudirèki | kinèndêlkên tigang tèngsu | lajêng pinacas dadya | botên kangge bilih manahipun katut | watak ngulèt myang bênthètan | apês mandhêlong ngowani ||

46. Manawi kajêng kocoran | patrap ingkang panggarap kadi ngarsi | ananging pan lêrêsipun | kêdah kalih rambahan | sasampuning lêrêm sapisan punika | karimbas dènalitêna | lajêng kalêrêpkên malih ||

47. Laminipun tigang wulan | sampun kirang para langkung prayogi | awit bilih kirang dangu | badhe adamêl cuwa | ngulèt ngelo mandhêlong utawi rêmuk | tamat pangolahing wrêksa | Kinanthi praboting panti ||

225. Kinanthi

1. Sayogi sumrêp rumuhun | nama miwah manggènnèki | paraboting griya-griya | kalawan manggènnirèki | supadosipun uninga | silahing dhapuring panti ||

2. Ingkang nama Saka-guru | punika sakanirèki | guru de kang winastanan | guru Pamidhangan yêkti | Saka-pananggap sakanya | Balandar pamanggapnèki ||pananggapnèki.

3. Saka èmpèr sakanipun | Balandar èmpèrirèki | Saka paningrat sakanya | Blandar paningrat puniki | Saka-taratag sakanya | blandar tratag manggènnèki ||

4. Saka goco sakanipun | Balandar pananggap tuwin | Èmpèr paningrat taratag | nèng pojok manggènnirèki | dene ingkang nama Cagak | sasaka kang botên sami ||

5. Tanapi tan turut runtut | lan Blandar pangêrêtnèki | Bênthung punika sakanya | duduring gajah utawi | barunjunging joglo griya | manjing nèng lumajangnèki ||

6. Kang sarta saka ing lambung | Srêntên saka alit gilig | nyanggi

--- 3 : 215 ---

Blandar pangêrêtnya | tumumpang nèng sunduk kili | de Dhanyang saka kang mayat | angsal ingkang dèn-dhanyangi ||

7. Ingkang winastanan Êsuh | kuningan sasaminèki | tumrap ing bongkoting saka | kang tumumpang umpaknèki | umpak lungguhing kang saka | saking sela kang prayogi ||

8. Saking banon saking kayu | kangge umpak ugi kenging | ingkang winastan Balandar | kajêng panjang kang sinanggi | ing saka wau dene kang | nama Pangêrêt puniki ||

9. Panyêlaking blandaripun | anyathok lan blandar dhamis | kang ran Guru-pamidhangan | blandar pangêrêtirèki | brunjungipun joglo wisma | ingkang ing ngandhap pribadi ||

10. Dhadha-pêksi kang winuwus | pangêrêt kang manggèn munggwing | satêngahing pamidhangan | kang ran Sunduk nèng ngandhaping | Midhangan pamanjang bênggang | kaliyan Balandarnèki ||

11. Trap miring manjing sakèku | ingkang winastanan kili | sangandhaping pamidhangan | gathuk sami sunduk ngarsi | kalawan pangêrêt bênggang | miring manjing saka ugi ||

12. Kang nama Ganja puniku | sopakaning saka mungging | nginggil sunduk katumpangan | Guru kaliyan kang nami | ingkang ugi Pamidhangan | Guru-pamidhangan sami ||

13. Kang nami Tumpang puniku | balandar pangêrêt inggih | tumumpang ing pamidhangan | ingkang winastan Panitih | Tumpang ing wêkasanira | kang anèng nginggil pribadi ||

14. Tumpangsari kang winuwus | Panitih nir tumpangnèki | yèku pamidhangan mulya | tinumpangan ing Panitih | dumados amung balandar | Pangêrêt asungsun kalih ||

15. Kang ran Ulêng godhagipun | pamidhangan tinêngahi | dene Dhadha-pêksi ika | kang nami Singup winarni | Tumpang ingkang nèng lêbêtnya | Ulêng kang kasêbut ngarsi ||

16. De Lotèng balabag alus | nginggil pangêrêt (ng)gènnèki | wiyar sapanjanging blandar | saha Pangêrêt-irèki | mangkya kang aran Ga-iga | yèku kajêng ingkang nyanggi ||

--- 3 : 216 ---

17. Ing bababagbalabag. amiturut | ujuring pangêrêtnèki | dene kang nama Cathokan | anjing-anjinganirèki | ing balandar akaliyan | Pangrêt pucuk bongkotnèki ||

18. De Gimbal langkungannipun | Cathokan balandar tuwin | pangêrêt sasaminira | Cacathokan naminèki | panjangnya sami kalawan | kandêle kang dèn-gimbali ||

19. Kang ran Payon sasabipun | êmpyak twin usuking panti | kang nami Brunjung punika | êmpyakipun joglo panti | ingkang ing nginggil piyambak | nulya ngandhapipun sami ||

20. Pananggap pyak ngandhap Brunjung | de èmpèr êmpyaking panti | sangandhapipun pananggap | kang nami Paningrat yêkti | êmpyak ngandhap èmpèr (ng)gènnya | utawi èmpèr mêkasi ||

21. Kang nama Gajah sadarum | êmpyak ingkang dèn-èmpèri | ingkang ing nginggil piyambak | mung griya joglo pribadi | gajahipun winastanan | Barunjung kasêbat ngarsi ||

22. Kang ran molo kajêng mujur | ingkang ing nginggil pribadi | yèku kang winastan Sirah | kang nama Andêr cagaking | Molo yèn joglo tumumpang | manjing dhatêng Dhadha-pêksi ||

23. Bilih limasan myang kampung | tumumpang mring pangrêt manjing | kang ran Dudur iku ingkang | pucuk nyanggi Molonèki | ngandhap tumumpang pojokan | balandar pangêrêtnèki ||

24. Kang ran Sirah-gada yèku | molo gilig amandhiri | manggènnya ing masjid langgar | kang nami Bungkak wuwunging | molonipun joglo wisma | utawi limasan panti ||

25. Mangkya ingkang aran Wuwung | nutupi sirap sakêdhik | tumumpang Dudur prênahnya | kang ran Kopyah wuwungnèki | sirahing gada punika | ran Mastakamênur-nèki ||

26. Kang nami Topèng puniku | balabag kang nèng pucuking | kêjèn ing Dudur tumumpang | gathukan Molonirèki | katumpangan myang kanjingan | pucuking usuk kang nginggil ||

27. Êmprit-gantil kang winuwus | Dudur kang dhèmpèt puniki | kang kiwa manjing Topèngan | têngên manjing molonèki | Blandèr-kêndhit kajêng panjang | ing têngah papayonèki ||

--- 3 : 217 ---

28. Kang nami Cukit puniku | usuk sasambêtan mungging | ing balandar kang pungkasan | dene ta kang nami Tarib | balabag miring kang tumrap | ing usuk pungkasannèki ||

29. Kang ran Gunting ugi usuk | manjing ing topèngan yêkti | ingkang nama Tadhah-êlas | blabag panjang manut maring | sapanjanging payonira | lir topèng patrapirèki ||

30. Kang nama Usuk-pinayung | manjing ing takir myang manjing | molo urut ing ujurnya | dudur kang kasêbut ngarsi | de Usuk-rigêrèh aran | usuking serongan panti ||

31. Ingkang pucuk manjing dudur | Usuk-panêrus puniku | sawarnining usuk ingkang | pungkasan ngandhap kinancing | kang sami Usuk-pangarak | ingkang botên dipun kancing ||

32. De Usuk-dhadhan winuwus | manjing ing topèngan inggih | andêdêl manjing topèngnya | ingkang nama Usuk-aling | tumrap ing nginggil piyambak | patrapipun kajêng miring ||

33. Usuk-dhêmpèlan puniku | tumrap bongkot dudur nênggih | tumumpang maring balandar | kinarya panjangkêpnèki | usuk-ri-gêrèh supadya | angsal petang kang prayogi ||

34. De Usuk-pandêdêl yèku | usuk kang kaprênah mungging | ing têngah jèjèr kalawan | usuk jêjêg atrapnèki | nanging datan mayat kadya | usuking sanèsirèki ||

35. Usuk-lorog yèku usuk | cêlaking dudur (ng)gènnèki | kang nama Takir punika | ingkang kaanjingan dening | bongkoting usuk sadaya | de Takir-gamblok puniki ||

36. Kang kanjingan usukipun | usuking pananggap tuwin | usuk èmpèr myang paningrat | angrangkêpi ponang takir | dene kang nama Lumajang | kang kanjingan usuknèki ||

37. Usuk-pananggap puniku | myang Usuk-èmpèr utawi | Usuk-paningrat kaotnya | akaliyan gamblok-takir | patraping kajêng malumah | ngamplok sangandhaping takir ||

38. Purus-pathok kang winuwus | purusing saka kang manjing | maring pangêrêt balandar | de Purus-sanggan winarmiwinarni. | pupurusing saka ingkang | manjing ing ganjaning panti ||

--- 3 : 218 ---

39. Dene Purus-oyot yèku | purusing saka kang manjing | maring sawarnining umpak | de Purus-èstrènan nênggih | purusing sunduk punika | mangkya kang nama Purus-kip ||

40. Punika badaning sunduk | kang manjing sasakanèki | kang ran Kêli pupurusnya | sunduk-panylak purusnèki | kang ran Jabung purusira | sunduk kang têngah (ng)gènnèki ||

41. Kang nami Warayang yèku | purusira dhadha-paksi | manjing marang pamidhangan | patil Sapit-urang nênggih | pupurusing Takir lambang | manjing saka bênthungnèki ||

42. Kang nami Gadhing puniku | pupurusira kang takir | manjing ing Pupurus-êbam | têpanging pojok dumadi | adu-mancung basanira | ang-Gambuh ingkang gumanti ||

226. Gambuh

1. Sapit-urang winuwus | bongkot utawi ing pucukipun | kajêng ingkang kaclèrèng kanjingan miring | purus utawi puniku | kakancingan adon-adon ||

2. Kang nami Cirik-purus | ingkang dudur manjing molonipun | kang nama Bam purusing dudur kang manjing | ngandhap bengkok wujudipun | umanjing ing takir maron ||

3. Ingkang winastan Bukur | utawi Kruwingan wastanipun | purus dudur ingkang ngandhap butul takir | kang mandhukul nama Bukur | nama Kruwingan kang krowok ||

4. Kang nama Pèthèk yèku | purus alit ingkang manjing purus | utawine punika kaangge ngancing | kang ran Kathèk gèpèng purus | kangge (ng)gathukakên gêbyog ||

5. De têtêsan puniku | purus namung sasisih satuhu | kang winastan Kêlam-gapit mung sasisih | mangkya kang nama Tambu ku | tadhah sabarang kemawon ||

6. Sasanggan patrapipun | tumèmplèk ing sasaka puniku | myang tumèmplèk blandar turut dudurnèki | Tadha prit-gantil winuwus | kancing topèng angsal molo ||

--- 3 : 219 ---

7. De Tadha takir yèku | kancing ingkang takir apikantuk | Takir-gamblok sarta lumajang pakolih | ingkang nami Tadha-jantur | kancing takir lambang manggon ||

8. Kang nami Bèji yèku | kancing usuk gilig sami mênthul | ingkang sami bibis wêsi tutupnèki | pakunipun punang wuwung | tumancêp dudur myang molo ||

9. Kang ran Ura-urèku | dug utawi tosan tangsulipun | ing lumajang ginandhèng kaliyan takir | angsal ing blandaripun |Kurang satu suku kata: angsal ing balandaripun. utawi panitih manggon ||

10. De Togog sanggan yèku | pathoking kang dudur-gajahipun | ingkang nama Togog-jalak pathoknèki | sakèhing tumpang myang singub | Togog-kancing kacariyos ||

11. Pathoking sakèh usuk | karan§ Prayoginipun / kang ran /. Sindik rarangkêpanipun | kancing tuwin abên-abênan kang sami | rênggang rapêt têmahipun | tan wontên katon sumrowong ||

12. Kang nami Patil yèku | kancing gilig nèng lêbêting kayu | ingkang nama Êrèng gèpèng myang pêsagi | panjingira amiturut | sapanjanging ponang payon ||

13. Tinrapan sirapipun | ingkang nami Rèng-kruwing puniku | kang sasisih mawi waton prêlunèki | nutupi bêbongkotipun | sirap kang minangka payon ||

14. De Êrèng-kisi yèku | êrèng alit tumumpang rèng agung | kangge anangsuli sirap kang supadi | datan katingal kang tangsul | saking sangandhaping payon ||

15. Kang ran Rèng-plipit yèku | rèng tumumpang blabag plisiripun | angrangkêbi êrèng kang ngandhap anyanggi | sanggiting kakêtêbipun | nambahi sae pitados ||

16. Rèng-alis-alis yèku | rèng tumumpang lumajang myang dudur | tumumpang ing takir kêtêp kang ngênggènni | Rèng-gindhong tumumpang dudur | utawi tumumpang molo ||

17. Kang nama Kêtêp yèku | sirap pinapak ingkang dumunung | ngandhap pyambak de Kêtêp-gendhong puniki | tumrap nginggil sirapipun | kawitan nginggil pribados ||

--- 3 : 220 ---

18. Kang nami Pyan winuwus | blabag tumrap sangandhaping usuk | utawine sanginggile usuk (ng)gènnèki |Lebih satu suku kata: utawi sanginggile usuk (ng)gènnèki. dene wiyar panjangipun | sawiyar panjanging payon ||

19. Tutup-keyong puniku | tutuping pyak griya dhapur kampung | mangkya ingkang winastanan Patang-aring | blabag kêrêp jèjèr gathuk | ling-aling patanèn sênthong ||

20. Dene kang nama Langkung | langkahaning kori sadayèku | ingkang nami Tèbèng blabag pinggir kori | Gêbyog blabag jèjèr gathuk | papagêring wisma manggon ||

21. De Tlumpah kajêng mujur | lênggahing kang pagêr gêbyog wau | kang ran Kopyah kajêng mujur kang ngêkêbi | gêbyog ing nginggil (ng)gènnipun | kêkah wêwah asri tinon ||

22. De kang ran Topèng-jamur | blabag ciyut ingkang dadya tutup | sambunganning gêbyog kang kasêbut ngarsi | ingkang nama Janur-iring | tutup inêp kori-kupon ||

23. Ingkang nama Lis-payung | Lis-kopyah ing patangaring wau | ingkang nami Inêp blabag tutup kori | Inêp-tangkêp inêpipun | ing kori namung sawiyos ||

24. De Kupu-tarung wau | inêp-kori kalih cacahipun | Inêp-lêmpit inêp langkung saking kalih | ingkang nami Sêlèng yèku | purusing inêp sayêktos ||

25. Mangkya Srisig winuwus | balabag kang kinarya puniku | tamping siti sauruting griyanèki | kang nama Slorok-trêmbuku | kancing inêp apitados ||

26. Kang nama Kêpêl yèku | kancing inêp ing têngah myang luhur | de kang nama Candhela saingga kori | naming alit wujudipun | ing pamasang (m)bêdhah gêbyog ||

27. Pinantês manggènnipun | mrih padhange ing wisma puniku | mangkya gantya praboting gêdhogan tuwin | Kandhang maesa myang lêmbu | naminipun winiraos ||

28. Palon ingkang rumuhun | Saka-gêdhogan myang kandhang wau | kang ran Palang pagêr gêdhogan kang manjing | Palon saka kasbut ngayun | rênggang mung ywa nganti (m)brobos ||

--- 3 : 221 ---

29. Kang ran Wayang puniku | pipi-kori gêdhogan puniku | ingkang nama SarakSlarak. palanging kang kori | dene Pacêl kancingipun | salarak supados bakoh ||

30. Sunduk-kili sanggannyung | nyanggi gêdhongangêdhogan. jrambahipun |Kurang satu suku kata: nyanggi gêdhogan jarambahipun. ingkang nama Tarataban galarnèki | gêdhogan ing ngandhap kêmput | myang margining mlêbêt miyos ||

31. Blandar-kiping puniku | langkunganing blandar pangrêtipun | saking Palon ing ngarsa miwah ing wuri | kang nama Koplok puniku | ka-anjingan palang manggon ||

32. Kang nama Tarib yèku | blabag ingkang dadya tutupipun | gulu mêlêt myang ling-aling talangnèki | kang nama prabot wus putus | Asmaradana gumamtos ||gumantos.

227. Asmaradana

1. Dhapuring griya winilis | ugêr mung warni sakawan | sawiji ran dhapur Joglo | kaliye dhapur Limasan | dhapur Kampung tiganya | dene ta sakawanipun | dhapur Masjid wastanira ||

2. Dhapur Joglo pinarinci | wontên wiwijanganira | warni pitu pratelane | sawiji Joglo-kêpuhan | dwi warni Taraju-mas | katri warni Lambang-gantung | utawi Pangrawit rannya ||

3. Catur Joglo-wantah nami | kalima Joglo-cêblokan | kanênêm Tawon-boni-ne | Sêmar-tinandhu saptanya | de sadaya punika | kalih warni wangunnipun | nanging warni botên ewah ||

4. Kalamun ujurirèki | kinarya kapara panjang | kapara inggil sakane | dados inggil dêdêgira | payonira kapara | ngadêg basane tumurun | katêmbungakên nèm ika ||

5. Balungan kandêl rêspati | yèku ran wangun Lanangan | dene manawi ujure | kapara cêlak sêmbada | sakanya ugi cêlak | dados andhap dêdêgipun | papayon kapara nadhah ||

6. Katêmbungkên sêpuh yêkti | para tipis balungannya | yèku wangun Èstri ranne | utawi Daringan-kêbak | mangkya kang kawursita | anênggih parabotipun | Joglo Padaringan-kêbak ||

--- 3 : 222 ---

7. Ukuran ingkang kinardi | waton guru pamidhangan | yèku blandar pangêrête | brunjung kang ngandhap piyambak | sadaya babalungan | utawi parabotipun | griya sanès-sanèsira ||

8. Agêng alit sami ugi | mirit saking pamidhangan | kang saupami panjangè | pamidhangan kakalihnya | mitulas kaki samya | sadasa dim wiyaripun | wolung êdim kandêlira ||

9. Panylak pamidhangan kalih | panjang dwiwlas kaki samya | wiyar sadasa êdimè | wolung êdim kandêlira | wasana prabot wisma | piridannira puniku | ugi botên tilar petang ||

10. Mangsuli parabotnèki | Joglo Padaringan-kêbak | sakawan saka-gurunè | sunduk-kili kalih samya | dhadha-pêksi satunggal | de tumpang-lumajangipun | wontên nênêm cacahira ||

11. Tumpang-panitih kakalih | nênêm tumpangnya panyêlak | panitih panylak kalihè | singup pamanjang nêmbêlas | singup panylak nêmbêlas | dwi blabag tutuping singup | andêr molonya nyatunggal ||

12. Catur suhing sakanèki | takiring brunjung pamanjang | apan kakalih kathahè | dwi takir brunjung panyêlak | usuk dêdêl sakawan | tigangdasa nênêmipun | kathahè usuk pangarak ||

13. Usuk lorog catur iji | dudurnya ugi sakawan | kêjèn kiwa myagmyang. têngênne | kalih usuk dêdêlira | usukipun pangarak | sadayanya wolulikur | usuke lorog sakawan ||

14. Rèng barunjung ngajêng-wingking | dwi alis-alis takirnya | nêmlikur êrèng pènèke | dwi alis-alis molonya | rèng kêjèn kering-kanan | dwi rèng alis-alisipun | rèng pènèk dwidasa astha ||

15. Sirap barunjungirèki | dwidasa dim panjangira | kawanwêlas dim wiyare | ingkang saêdim kandêlnya | cacahira ingetang | apan nênêmatus langkung | sakawandasa titiga ||

16. Wuwung bungkaknya satunggil | palisire wuwung bungkak | sakawan iji cacahe | wuwung barunjung sakawan | palisirira astha | paku-bibis bungkak wau | mung kakalih sampun cêkap ||

17. Paku-wuwung brunjung nênggih | cacahipun kalihwêlas | kancing bèji barunjunge | sadasa iji cacahnya | tadha têr barunjung

--- 3 : 223 ---

lawan | lumanjang pananggapipun | kathahipun pan wolulas ||

18. Ura-ura brunjung saking | tosan kathahnya nêmbêlas | togog sanggan sakawanne | togog-jalak kawandasa | tamat parabotira | barunjunging wisma dhapur | Joglo Padaringan-kêbak ||

19. Pananggap myang èmpèrnèki | sadaya parabotira | panjang lamun winiraos | mênggah ewahnya dumadya | dhapur joglo sanèsnya | inggih makatên nak-bagus | lah mugi kapirêngêna ||

20. Dwi warni manawi mawi | pangêrêtipun titiga | sasaka nênêm cacahe | èmpèrnya mubêng atêpang | turut lan jubungira | (ng)gih punika wastanipun | dhapur Joglo Taraju-mas ||

21. Tri warna manawi mawi | lambang gantung myang payonnya | apan mawi binênggangke | kaliyan payon pananggap | papayon èmpèr bênggang | lan payon pamanggap wau | pojokipun mawi saka ||

22. Bênthung manjing dudur sami | sawarnining babênggangan | mawi tinutup blabage | lawan mawi tumpang gangsal | mawi singup myang ganja | yèku griya joglo dhapur | Pangrawit satuhunira ||

23. Kacatur manawi mawi | tumpangipun cacah gangsal | kalawan mawi singupe | atanapi mawi ganja | saha takir lumajang | inggih punika rannipun | griya dhapur Joglo-wantah ||

24. Gangsalipun kang winarni | manawi lugas kewala | tanpa sunduk myang kiline | saka pinêndhêm akêkah | utawi sinung umpak | kang makatên wastanipun | dhapur Joglo Cacêblokan ||

25. Kanêm ukuran pasagi | saha mawi sirah gada | lir andêr gangsal tumpange | mawi singup lan lumajang | kang sarta mawi ganja | kang makatên wastanipun | Joglo-tawon-boni nyata ||

26. Kasapta pupungkasannèki |Lebih satu suku kata: Kasapta pungkasannèki. manawa pangêrêtira | namung kakalih cacahe | ugi kakalih kang saka | nèng têngah pangrêt (ng)gènnya | yèku griya Joglo dhapur | Sêmar-tinandhu namanya ||

27. Mangkya gantya kang winarni | dhapuring griya Limasan | sadasa warni wijange | satunggal Limasan Mudha | kakalih

--- 3 : 224 ---

Sinom rannya | titiga Bapangan-ipun | Kalabang-nyandêr sakawan ||

28. Gangsal nama Traju-rukmi | nênêm Gajah-ngombe nama | Gajah-mungkur kapitune | wolu nama Pacul-gowang | Sêmar-tinandhu sanga | kasadasa warninipun | ran Limasan Sarotongan ||

29. Mangkya ta ingkang winilis | prabot miwah ukurannya | griya dhapur Limasanne | guruning ukuran samya | mirid saking balandar | kalawan pangêrêtipun | dene prabot sadayanya ||

30. Yèku namung mêndhêt saking | pantêse kang wawangunan | ingkang ulun-pratelakke | amung paraboting Gajah | dene parabotira | pananggap myang èmpèripun | kapanjangên yèn winêdhar ||

31. Blandar guru kalih iji | ênêmlikur kaki panjang | nyadasa êdim wiyare | wolung êdim kandêlira | pangêrêt sakawannya | dene ukur panjangipun | nênêmbêlas kaki samya ||

32. Wiyar anyadasa êdim | molung êdim kandêlira | Tumpang-sari pamanjange | kalih iji dene Tumpang | sari mangka panyêlak | ugi kalih cacahipun | andêr dwi molo satunggal ||

33. Saka-guru wolung iji | sunduk pamanjang godhagan | ing têngah kalih cacahe | catur sunduk kering-kanan | sunduk panyêlak godhag | ing têngah panyêlakipun | kakalih kering myang kanan ||

34. Takir-gajah pamanjang dwi | dwi takir gajah panyêlak | wolu suh saka-gurune | umpak saka-guru astha | kawanwlas togog jalak | tadha tirta gajahipun | lumajang miwah pananggap ||

35. Sadaya wolulas iji | bèji dwiatus dwiwêlas | ura-ura barunjunge | saking duk cacah wolulas | kakalih bibis bungkak | santining gajah puniku | kathahipun tigangdasa ||

36. Usuk gajah ngajêng wingking | kalih usuk pandêdêlnya | usuk parakan gajahe | sèkêt-ênêm cacahira | usuk lorog sakawan | duduring kang gajah catur | usuk kêjèn kiri-kanan ||

--- 3 : 225 ---

37. Usuk pandêdêl kakalih | dene usuking pangarak | tigangdasa-nênêm kèhe | usuk lorognya sakawan | rèng gajah wuri-ngarsa | êrèng plipis takir namung | kalih iji cacahira ||

38. Rèng pènèk tridasa kalih | êrèng plipit molonira | apan kakalih cacahe | êrèng kêjèn kering-kanan | rèng plipis takirira | mung kakalih cacahipun | êrèng pèsèk tigangdasa ||

39. Rèng plipis molo kakalih | sirap barunjung kathahnya | dwitus saptadasa dwine | siraping kêjèn cacahnya | dwiatus tri dasastha | sami agêng panjangipun | ukur panjanging kang sirap ||

40. Kalih kaki pitung êdim | langkung tiga kapara pat | dene ukuran wiyare | kalihwlas êdim satêngah | saêdim kandêlira | togog pêthokipun catur | jangkêp paraboting gajah ||

41. Mênggah ewah dadosnèki | dhapur limasan sanèsnya | lah punika pratelane | bilih takirnya lumajang | myang mawi èmpèr têpang | punika ingkang sinêbut | Limasan Sinom wastanya ||

42. Manawi panjangirèki | balandar langkung saking kat | tikêl lawan pangêrête | nama Limasan Bapangan | manawi pangêrêtnya | langkung sakawan puniku | Klabang-nyandêr namanira ||

43. Manawi pangêrêtnèki | cacahipun namung tiga | taraju-êmas wastane | de manawi èmpèrira | muhung sisih kewala | punika Limasan dhapur | Gajah-ngumbe namanira ||

44. Manawi brunjungirèki | ingkang sasisih tinrapan | ingkang nama tutup-keyong | kêjèn ing sasisihira | tan mawi ing èmpèran | punika Limasan dhapur | Gajah-mungkur namanira ||

45. Manawi amung sasisih | kering utawi ing kanan | ingkang pinasangan èmpèr | dhapur Pacul-gowang rannya | bilih dwi pangêrêtnya | saka kakalih puniku | nèng têngah pangêrêt (ng)gènnya ||

46. Punika kang dènwastani | Sêmar-tinandhu dhapurnya | pungkasan bilih brunjunge | ingkang sasisih timrapantinrapan. | tutup keyong kewala | kêjèn ing sasisihipun | dipun èmpèri titiga ||

--- 3 : 226 ---

47. Ingkang botên dènèmpèri | amung ingkang akaprênah | sangandhaping tutup keyong | punika ingkang winastan | Limasan Sarotongan | titi limasan kang dhapur | sêkar Mêgatruh winarna ||

228. Mêgatruh

1. UlumUlun. mêdhar dhapure kang griya Kampung | wontên wiwijangannèki | warni sanga kathahipun | sajuga Kampung Nom nami | kalih Sarotongan manggon ||

2. Kampung dhapur Dara-gêpak tiganipun | Jompongan sakawannèki | gangsale Dirada-nginum | Pacul-gowang kanêmnèki | kasapta Sêmar-tinandhon ||

3. Kawolune Tarajumas punang dhapur | Gêdhang-slirang sanganèki | praboting gajah cinatur | kang dadya gurunirèki | ukuran sadaya prabot ||

4. Mirit saking balandar pangêrêtipun | de prabot sanèsirèki | mung mêndhêt pantêsing wangun | de prabot èmpèrirèki | kapanjangên yèn kacriyos ||

5. Blandar ingkang darbe ukur panjangipun | kawwadasakawandasa. tiga kaki | sadasa dim wiyaripun | de kandêlnya nêlung êdim | pangêrêt sakawan maton ||

6. Nigalikur kaki yèku panjangipun | wiyarnya nyadasa êdim | nêlung êdim kandêlipun | mênggah molonya satunggil | andêr sakawan mirantos ||

7. Wolu iji apan sakanipun guru | sunduk blandar gurunèki | nênêm iji cacahipun | kêli godhag têngah kalih | kêli kiwa-têngên jumboh ||

8. Usuk gajah ngajêng wingking kathahipun | wolungdasa wolu iji | usuk aling gajah catur | plisir bungkak catur iji | wuwung bungkaknya sawiyos ||

9. Tutup keyong kalih iji cacahipun | wolu umpak sakanèki | êrèng ngajêng miwah ngayun | kawandasa catur iji | rèng dwi plisir takir manggon ||

--- 3 : 227 ---

10. De sirapnya ing wingking lawan ing ngayun | kalih-èwu langkungnèki | satus kalihwlas puniku | panjangipun ngalih kaki | dene kandêle kang bongkot ||

11. Satêngah dim satunggal êdim ing pucuk | wiyarnya nyatêngah kaki | suh saka-guru wowolu | nênêm kathahipun takir | bibis bungkak catur wiyos ||

12. Santên tigangdasa iji cacahipun | de ewahe dhapurnèki | griya kampung sanèsipun | punika dipun nastiti | mangkya ulun acariyos ||

13. Bilih pangrêt langkung saking cacah catur | punika kang dènwastani | Kampung Sarotongan dhapur | bilih mubêng èmpèrnèki | Kampung Dara-gêpak yêktos ||

14. Bilih pangrêt mung kalih ukuran kubuk | punika naminirèki | Kampung Jompongan satuhu | yèn èmpèr namung sasisih | nama Kampung Gajah-ngokop ||

15. Bilih têngêning kanang barunjung |Kurang dua suku kata: Bilih èmpèr têngêning kanang barunjung. pan namung salah satunggil | kang dèn-èmpèri puniku | sasisihipun tan mawi | Kampung Pacul-gowang yêktos ||

16. Yèn pangêrêt namung kalih cacahipun | sasaka ugi kakalih | nèng têngah pangrêt dumunung | yèku ingkang dèn-wastani | Sêmar-tinandhu wus manggon ||

17. Bilih namung titiga pangêrêtipun | nama Kampung Traju-rukmi | dènde. manawi payonipun | ponang gajah mung sasisih | nama Pisang-slirang pantog ||

18. Gantya dhapuring griya Masjid winuwus | wontên wijangipun malih | kang satunggal nama Tajug | dhapur Langgar kalihnèki | praboting masjid kacriyos ||

19. Kang winarna ugi namung prabotipun | barunjunging griya masjid | pananggap myang èmpèripun | prabotnya datan winilis | mindhak katulên sayêktos ||

20. Blandar kalih ugi kalih pangrêtipun | de ukuranira sami | dados pasagi kang wangun | panjang amitulas kaki | langkung wolung dim anapon(?) ||

--- 3 : 228 ---

21. Wiyarira nyadasa êdim sadarum | kandêlipun nêlung êdim | kalih dhadha-pêksinipun | andêrnya bulêt satunggil | sirah-gada bulêt swiyos ||

22. Amastaka satunggal bulêt puniku | de mênuripun satunggil | kadi nanas punang wangun | sakawan dudurirèki | takir brunjung catur pantog ||

23. Saka-guru bulêt sakawan puniku | umpaknya sakawan iji | ananging wangunannipun | bulêt turut sakanèki | kadidene jêram kêprok ||

24. Pan sakawan sunduke kang saka-guru | lis payung sakawan iji | de sunduking saka-guru | ngandhap lumajang (ng)gènnèki | pan namung sakawan kêthok ||

25. Tarip catur ura-uraning barunjung | saking duk kalihwlas iji | dene bèjining barunjung | kalêbêt pananggapnèki | pan stus sadasa kêthok ||Kurang satu suku kata: pan satus sadasa kêthok.

26. Usuk brunjung sakawan têbak sadarum | pan dêdêlnya wolu iji | sèkêt nêm pangarakipun | usuk lorog wolu iji | rèng brunjung sakawan têbok ||

27. Rèng palipis takir kathahipun catur | rèng pènèk kathahirèki | apan wolungdasa wolu | rèng lis-alis molonèki | catur têbak lawan kêthok ||

28. Sirap brunjung kèhnya apan wolungatus | sawidak sakawan iji | panjang kalih kaki langkung | gangsal dim de wiyarnèki | sakaki dwi êdim pantog ||

29. Wuwung brunjung sakawan iji kèhipun | palisirnya wolu iji | nêmblas paku bibisipun | titi prabot brunjungnèki | dhapur Tajug kacariyos ||

30. Pan ewahing dhapur mangkya kang winuwus | ingkang manawi tan mawi | pananggap mubêng puniku | saha gathuk payonnèki | yèku nama Langgar yêktos ||

31. Dene griya Jawi sanès-sanèsipun | kajawi kang kasbut ngarsi | kadosta Gêdhogan Lumbung | Kandhang Gandhok myang Sarambi | Paringgitan griya Pawon ||

--- 3 : 229 ---

32. Regol Bangsal Topèngan sasamènipun | yèku mung wijanging nami | lawan mirid parlunipun | nanging pamêndhêtirèki | ing dhapur botên marojol ||

33. Saking paugêran kang kasêbut ngayun | mênggah dhapur-dhapur panti | pêperangan kanggenipun | myang lênggah manggènnirèki | ing saèstunipun seos ||

34. Ingkang kagêm dalêmipun sang aprabu | Limasan Sinomirèki | kang kagêm pandhapinipun | winastan Joglo Pangrawit | kang kagêm pringgitan katong ||

35. Yèku Joglo Kêpuhan muhung barunjung | pananggap èmpèr tan mawi | ingkang kagêm para luhur | dalêm sapandhapinèki | kathah sami dhapur Joglo ||

36. Ingkang kangge tyang alit tuwin priyantun | lah punika warni-warni | griya myang pandhapinipun | sasênêngira pribadi | Limasan Kampung myang Joglo ||

37. Sadayèku kang nama awisan namung | griya dhapur Sinom yêkti | kang kagêm sang prabu wau | tuwin kari ingkang munggwing | ngandhap pangêrêt kacriyos ||

38. (ng)Gih punika ingkang nama kêjèn têrus | samantên wau manawi | mawi kêjèn griyanipun | namung kakalih puniki | giris awisan sayêktos ||

229. Girisa

1. Kimas Cêbolang duk myarsa | gotèke Kyai Dikara | dhapur myang praboting wisma | kalangkung eraming nala | tan bisa sumambung sabda | labêt katêmbèn uninga | dadya alon aturira | dhuh sang minulya ing wana ||

2. Labêtipun dèrèng wikan | babasan tanpa paitan | mila ulun langkung kewran | badhe sumambung aturan | èwêt botên darbe gaman | panyuwun-ulun yèn dhangan | supados ywa katanggêlan | katrangêna babarpisan ||

3. Ki Dikara sukèng driya | miyarsa manising sabda | nulya nglajêngkên [ngla...]

--- 3 : 230 ---

[...jêngkên] carita | anggèr mênggah wawatonnya | ukur panjang cêlakira | midhangan pamanjang saka | pamidhangan panyêlaknya | griya dhapur Joglo ika ||

4. Balandar pangrêting griya | kang Limasan dhapurira | balandar pangêrêtira | griya Kampung dhadhapurnya | sarta blandar pangêrêtnya | griya dhapur Masjid ika | ingkang minangka gurunya | utawi turutannira ||

5. Balungan sapanunggalnya | lir upami kasbut ngarsa | botên ngêmungkên punika | ngangkah pantês myang sêmbada | saening warni santosa | ananging ta wontên uga | pangangkah malih kacrita | sagêt (n)jalari prayoga ||

6. Karêjêkèn myang raharja | ing pangangkah pamêndhêtnya | saking papetangannira | ukuran panjang cêlaknya | pamidhanganing kang griya | tuwin blandar pangêrêtnya | mawi ngêl-ungêlan panca | punika pratelanira ||

7. Petang satunggal Sri rannya | petang kalih Kitri nama | petang tiga Gana nama | sakawan Liyu rannira | gangsale Pokah punika | dene manggènne kalima | saèstune beda-beda | lah punika kamirêngna ||

8. Manawi adamêl griya | yèku ingkang wus kalimrah | katêmbungakên ing kathah | dalêm griya wingking omah | dèn-ênggènni dalu rina | myang mawi patanèn ika | sênthong pagêdhongan mawa | ukuran pangetangira ||

9. Panjanging kang pamidhangan | utawi blandar pangrêtnya | kêdah ingkang ukurannya | kacêngklong anggangsal-gangsal | kaangkah kantun satunggal | saupami panjangira | balandaring ponang wisma | nêmlikur kaki punika ||

10. Kacêngklong gangsal ping gangsal | utawi salangkung kakya | kantun sakaki etangnya | makatên ugi upama | panjanging pangêrêtira | nêmbêlas kaki punika | kalong gangsal kaping tiga | utawi gangsalwlas kakya ||

11. Etangnya kantun sajuga | dhawah Êsri namanira | punika lênggahing griya | dene yèn karya Pandhapa | (ng)gih punika wisma ngarsa | ingkang wus kalimrah kathah | tan dèn-(ng)gènni

--- 3 : 231 ---

dalunira | patanèn sênthong tan mawa ||

12. Parlunipun namung kanggya | anampèni tamu priya | myang utusan sasaminya | punika pamanjangira | pamidhangan utawinya | balandar pangêrêtira | kêdah ingkang ukurannya | kacêngklong ing panca-panca ||

13. Kantun kalih kaangkaha | kados ta upaminira | panjangipun pamidhangan | pamanjang utawi blandar | pitulas kaki punika | kacêngklong gangsal ping tiga | utawi gangsalwlas kakya | kantun etang kalih kakya ||

14. Myang upami panjangira | pamidhangan panyêlaknya | utawi pangêrêtira | kalihwlas kaki punika | manawi kacêngklong lima | ping kalih dados sadasa | kantunipun kalih kakya | dhawah Kitri etangira ||

15. Manawi akarya wisma | Gandhok punika trêpira | nèng kiwa têngênning wisma | kalimrahannya kinarya | rimatan parluning griya | sêkul ulam sasaminya | kalawan pirantos têdha | myang unggyan pangulahira ||

16. Yèn panjanging pamidhangan | utawi blandar pangrêtnya | kêdah ingkang ukurannya | dipun cêngklong lima-lima | sagêta kantun titiga | saupami panjanging kang | pamidhangan panjangira | utawi balandarira ||

17. Kawandasa tiga kaki | cinêngklong gangsal ping asthi | kantunipun tigang kaki | makatên ugi upami | panjanging midhangannèki | panyêlak pangêrêt nami | wontên tigalikur kaki | ingkang punika manawi ||

18. Kalong gangsal ping sakawan | ugi kantun tigang kakya | petanganing kang ukuran | kang kacêngklong gangsal-gangsal | saèstunya kantun tiga | winastanan dhawah Gana | rèh limrah myang manggènnira | gariya Gandhok punika ||

19. Kêdah Kampung dhapurira | milanipun kang minangka | upami wawatonnira | kadi kang kasêbat ngarsa | panjanging balandar griya | kadhapur kampung kinarya | kawandasa tiga kakya | pangrêt tigalikur kakya ||

--- 3 : 232 ---

20. Supados bilih sinuda | gangsal-gangsal kadi griya | Limasan Joglo punika | sagêta kantun titiga | dados dhawah etang Gana | yèku Gandhok manggènnira | kêdah petang dhawah Gana | mangkya gantya winursita ||

21. Manawi Masjid punika | panggènan nêmbah Hyang Suksma | etanging ukurannira | blandar pangêrêtnya samya | kantunipun pan titiga | utawi dhumawah Gana | lir Kampung ingkang kinarya | griya Gandhok kasbut ngarsa ||

22. Saupami kang minangka | wawaton balandarira | lawan pangêrêtnya samya | panjangipun pan kinarya | molulas kaki sinuda | gangsal-gangsal kaping tiga | kantun tiga dhawah Gana | punika Masjid manggènnya ||

23. Kajawi kang wus kawêdhar | ing ngajêng angandhar-andhar | jangkêping etang binabar | ukur pamidhangan blandar | lawan pangêrêting griya | yèn kacêngklong panca-panca | kantun sakawan punika | dhawah Liyu namanira ||

24. Bilih kantunnipun panca | utawi têlas punika | dhawah Pokah namanira | mangkya ingkang ginupita | manggènning etang punika | kajawi kang kasbut ngarsa | wus mupakat sakèh jalma | tumrap griya sanèsira ||

25. Manawi griya Pringgitan | utawine Pasanggrahan | dhawah Kitri kang prayoga | sami kalawan Pandhapa | bilih Langgar lawan griya | Pawon Kandhang rajakaya | tanapi Gêdhogan kuda | dhawah Gana kang prayoga ||

26. Dadya Gandhok saminira | manawi iyasa griya | Regol myang Pasowanannya | tanapi Bangsal punika | dhawah Liyu kang prayoga | bilih damêl Lumbung lawan | panggènan kang Parimatan | dhawah Pokah manggènnira ||

230. Mijil

1. Wus kawijil ukuraning panti | têlas winiraos | Mas Cêbolang rumêsêp ature | mênggah têgês myang pikajêngnèki | petanganing panti | kang kasêbut ngayun ||

--- 3 : 233 ---

2. Ki Dikara wangsulannya aris | jarwa kang gumathok | ulun dèrèng uninga èstune | amung saking ing pangintên mami | punika manawi | pikajêngannipun ||

3. Pan minangka pangajap pamuji | kasaenan yêktos | kados têmbung Sri yèku têgêse | maring pangan utawi manawi | lêrêsipun Êsri | têgêsnya winuwus ||

4. Rajabrana padhang kamulyan-di | pramila dumados | manggènnipun etangan griyane | kang utama kadhawahkên Êsri | pangajap utawi | ing pamujinipun ||

5. Kang supados ingkang angênggènni | sagêda dumados | nora kirang bukti rijêkine | miwah sugih arta barana-di | kamulyan pinanggih | padhang tyas rahayu ||

6. Têmbung Kitri têgêsnya winarni | tanêman kinaot | bokmanawi kapêndhêt ayome | pikajênge ingkang angênggènni | dèn-ajap pinuji | asrêp têntrêmipun ||

7. Asrêping tyas aring ingkang dhiri | tan sarang sayêktos | ing rijêki miwah sasamine | cêkakipun ingkang angênggènni | sagêd sênêng aring | sêgêr myang rahayu ||

8. Têmbung Gana gatra têgêsnèki | kajênging suraos | ing pangajap saha pamujine | sagêt isi sarta lumastari | lir èsthining ati | kang darbe wismèku ||

9. Têmbung Liyu lêsah têgêsnèki | kajênging suraos | aywa nganti (n)darbèni dayane | kapurunan sasaminirèki | mring kang darbe panti | kumambang sakayun ||

10. Têmbung Pokah pikajênge nênggih | saking botên amot | kêbak brana arta rijêkine | ing pangangkah kalawan pamuji | binabarkên taksih | kêbak malah wuwuh ||

11. Sampun tamat nanging wontên malih | kêdah winiraos | babalungan griya cathokane | utawine (n)jing-anjingannèki | apan kêdah mawi | cinorèk sadarum ||

12. Myang ginêthêk ing tatah waradin | dhapur seos-seos | warni catur punika namane | Nara-sunya Gandheya Nurwitri | Byabya jangkêpnèki | dene parlunipun ||

--- 3 : 234 ---

13. Pan kinarya tatêngêr supadi | tan kalintu ênggon | cêcathokan myang (n)jing-anjinganne | wontên ingkang nganggêp anggadhahi | angsarnya prayogi | ingkang manggèn tulus ||

14. Cacah catur dene tumrapnèki | wontên badan manggon | pamidhangan blandar pangêrête | saka sunduk tumpang singup kiki§ Prayoginipun / kili /. | sasaminirèki | balungan kang agung ||

15. Sami anèng cakêt cathokaning | warni kêdah jumboh | (n)jing-anjingan kang dadya kancuhe | upamine saka dèn-têngêri | Nara-sunya ciri | blandar pangrêtipun ||

16. Pamidhangan sunduk miwah kili | kang pancèn cumathok | kaanjingan purusing sakane | ugi kêdah mawi dèn-têngêri | Nara-sunya sami | sapiturutipun ||

17. Lênggahipun têtêngêr winarni | lèr-wetan kacriyos | Nara-sunya puniku corèke | kidul-wetan Ganeya nglênggahi | kidul-klèn Nurwitri | lèr-kilèn Bya-bya nung ||

18. Nadyan panti ngidul ajêngnèki | ngalèr-ngetan ngulon | kang tatêngêr tan ewah ênggènne | saupami wontên griya mawi | saka catur sisih | pangrêt ugi catur ||

19. Ingkang cêlak klawan prênahnèki | ing lor-wetan pojok | Nara-sunya ugi tatêngêre | ingkang cêlak kidul-kilèn mawi | tinêngran Nurwitri | sapiturutipun ||

20. Dene griya kang saka nêm sisih | twin wolu kacriyos | pangêrêtnya sami lan sakane | tumrap ingkang tatêngêrirèki | ugi kadi ngarsi | tan na bèntênnipun ||

21. Sapintêna kèhing sakanèki | lan pangêrêt jumboh | ing tatêngêr kabage kalihe | kang sapalih nunggil tatêngêring | lèr wetan puniki | kang sapalihipun ||

22. Èstu nunggil tatêngêrirèki | pojok kang lèr-kulon | lah makatên ugi sasisihe | ingkang kidul-wetan têngêrnèki | Gandheya§ Prayoginipun / Ganeya / kados ing pada 17 = Gana + iya. sasisih | myang Nurwitri-nipun ||

23. Dene têngêr ingkang tumrap munggwing | andêr miwah molo | patrap ugi tan ana sanèse | kadi ingkang kasêbut ing ngarsi |

--- 3 : 235 ---

ananging sarèhning | molo dunungipun ||

24. wontên têngah lêrês ingkang pastipanti. | pan kinarya kaot | sawatawis bineda patrape | botên pajêg§ Prayoginipun / jêjêg /. ragi mèncèng kêdhik | saupami pastipanti. | ngidul ajêngipun ||

25. Sêmu ngajêngakên ing pojoking | keblat kidul kulon | tinêmbungkên malumah pantine | molo mujur ngilèn sêmunèki | mangalèr sakêdhik | wetan sêmu ngidul ||

26. Ingkang kilèn kêdah dèn-têngêri | Bya-bya wus pinathok | kados saka ingkang êlèr-kilèn | ingkang wetan Ganeya pinasthi | kadi sakanèki | ingkang wetan kidul ||

27. Griya majêng mangidul upami | sêmu madhêp mojok | ingkang wetan mangkurêp sêmune | molonipun ngilèn ujurnèki | sêmu ngidul kêdhik | dene patrapipun ||

28. Sisih wetan ngalèr sêmunèki | ingkang sisih kulon | tinêngêran Nurwitri yêktine | kadi saka kidul-kilèn sami | wetan dèn-têngêri | Nara-sunya tamtu ||

29. Kadidene saka ingkang munggwing | ing lèr-wetan jumboh | awit molo wetan para ngalèr | wontên dene bilih ponang panti | pajêg§ Prayoginipun / jêjêg /. ajêngnèki | mangalèr mangidul ||

30. botên sêmu majêng pojok kalih | wetan tuwin kulon | waton mawi tan winênangake | nir prayogi saèstu (n)jalari | apêsing kang dhiri | cilakanya muput ||

31. Ringkêsannya pojok keblat suci | ing salah sawiyos | pundi ingkang kapara cêlake | yèku kangge wawatonnirèki | têtêngêr kang munggwing | babalungan agung ||

32. Sampun pantog sêsêrêpan-mami | babasan sok-glogok | mung puniku si bapak glèthèke | èstu botên wontên malih-malih | sadarmi naluri | criyose luluhur ||

33. Mas Cêbolang aturira aris | sru panuwuningong | têmbe bilih kinuwasakake | sagêd damêl griya èstu mawi | patrap petangnèki | kadi kang dhumawuh ||

34. Namung petang kaki lawan êdim | ulun dèrèng ngrêtos | Ki Dikara alon wangsulane | têka lêrês yèn dèrèng udani | etang

--- 3 : 236 ---

kaki êdim | dèrèng patos ngumum ||

35. Dhawuhdalêm (n)jêng sri narapati | kang supados maton | rèhning pêcak tindak myang dhêpane | nyari têbah èstu botên sa |Kurang satu suku kata: nyari têbah èstu botên sami. -lajêng dènparingi | ukuran puniku ||

36. Asalipun saking Ngatasangin | pangandika katong | etung iki ingsun-gadhuhake | marang bocahingsun Kalang-(n)dhagi | Gowong lawan malih | bocah Juru-ukur ||

37. Bilih parêng ulun nyuwun uning | Ki Dikara gupoh | ngambil kakènan gya sinungake | myang sung wikan garisan tês sêtrip | radi wiyar êdim | dene etangipun ||

38. Rolas sêtrip punika saêdim | rolas dim anapon | pan sakaki de rolas kakine | dèn-wastani sacêngkal winilis | tatêngêr kang munggwing | ing papadon catur ||

39. Warninipun lah kadi puniki | Mas Cêbolang anon | Ki Dikara sarwi mêdharake | pojok catur sami dèn-jagani | jawata nyatunggil | dene naminipun ||

40. êlèr-wetan Pritanjana nami | kidul wetan pojok | Hyang Kuwera dene kidul-kilèn | kang rumêksa Sang Hyang Maha yêkti | lèr-kilèn mungkasi | Hyang Siwah jujuluk ||

41. Kacarita sampun gangsal ari | dènnira nèng ngranggon | lulang kidang sampun tinrapake | kalowongan tarêbang kakalih | panggarape apik | swarane jumêngglung ||

42. Sinungakên mring tamunirèki | punika wus dados | myang santake mirantos kalihe | mangke ratri wawi dèn-enggali | tarêbang tinampi | sang anom panuju ||

231. Sinom

1. Diwasaning diwangkara | ing ngranggon wus dènbêrsihi | dilah colok sinulêdan | badhe sasêgah miranti | Ki Dikara wus linggih | kupêng lawan tamunipun | Mas Cêbolang kalawan | Nurwitri trêbang sinandhing | Ki Saloka Palakarti Kartipala ||

2. Ki wisma alon tatanya | èstu ulun dèrèng uning | gêndhèng gêndhinging kang gangsa | lan têrbang punapa sami | Mas Cêbolang

--- 3 : 237 ---

lingnya ris | radi wontên sanèsipun | rumuhun ulun tanya | dhumatêng Kyai Cêndhani | ingkang manjing gêndhing tarêbang slawatan ||

3. Randha-nurut Lêmpang-jawa | Pêtung-wulung Kudhup-turi | Montro myang Lêmpang-gariyah | Sontoloyo Bango-mati | Bayêm-tur Tunjung-adi | Ronge-ronge Carang-gantung | Gandrung-binangun Linggang | Rujak-sêntul Kêmbang-katis | Srundèng-gosong Cangkêlèk Ranumênggala ||

4. Sohoyung Bujang-dalêman | Lare-angon Lompong-kèli | Glele Sêkar-gadhung-Jawa | Kidung-kidung Salobog-i | Gêndheo Popok-kèli | Jalèdrèse Topèng-arum | Kinjêng-trung Paman-paman | Glathik-bolong Lunggadhung pil | Kaum-dhawuk Sêkar-gadhung Bagêlenan ||

5. Gêndhuk-gêndhuk Kayun Wisma | Tokung-tokung Pawèh Slisir | Tunggu-jagung sampun têlas | sadaya apan winilis | kawandasapapat aming |Lebih satu suku kata: kawandasapat aming. samangke saèstunipun | kathah kang dèrèng lêbda | tuwin supe lagunèki | uran-uran sênggakan kathah kalepyan ||

6. Ki Dikara rênèng driya | wawi anak dikawiti | Mas Cêbolang tandya buka | kanang Sêkar-gadhung-Jawi | têrbang agêng nibani | kadya êgong bêm mangguguk | têrbang alit kosêkan | binarung swara dumêling | barunganne kadi ta ingkang winahywa ||

7. Atapa jroning sarira | sadina-dina gung brangti | datan nana katingalan | sarirane dèntangisi | tansah dèneling-eling | solahing raga dènetung | margane anèng donya | ciptaningsun lir angimpi | kêmang irêng uripku saking sihira ||

8. Marmaningsun anèng dunya | dhapur sira ngandikani | tansah ing raga winangwang | among winong sih-ngasihi | tansah sih asinung sih | karsanira among kayun | jabèng jro jati suksma | wêlatung wijil Mêrapi | tingalingsun sirna dening tingalira ||

9. Yèn tan ana ananira | mangsa ana ing dumadi | solahingsun solahira | tan kêna kari myang dhingin | tunggal sapati-urip | punapa ta rupanipun | lamun dera tilara | gununge wong Majapait |

--- 3 : 238 ---

kawruhingsun sirnane kawikanana ||

10. Yèn ta sira anampika | sisikuning raga iki | datan wande anèng nraka | jahanam kang sunlêboni | sanadyan na dhasaring | kawah Candramuka iku | barêng kalawan sira | kasêktèning pra maharsi | raga-raga kuwawane ing pangwasa ||

11. Apa ing sasolahira | ingsun iki aja kèri | sanadyan mora pyuyika | tan na tolèh lara-pati | sakarsa mamaèsi | saking sira marganingsun | wulu-ningsun salêmbar | apan sira kang (n)darbèni | tranging nala karsaningsun karsanira ||

12. Yèn ta sira amisesa | karsanta jroning karonsih | tunggala saraga-jiwa | tunggaling karsa pinanggih | wus lali anak-rabi | sandhang-pangan ora ketung | sampun saekapraya | srênging karsa sun-aranni | kupingingsun sirna dening panarima ||

13. Piyarsakêna kawula | sasambat ing lara pati | nora nama nambanana | yèn lara kandhuwan wingit | sun lêlipur ing gurit | sah sing kawula lawan usul |Lebih satu suku kata: sah sing kawula lan usul. prandene nora waras | dhêle kang cinandu rêsmi | kang sun-ucap tan adoh kalawan sira ||

14. Tansah angura pralambang | surate sawiji-wiji | kalangênan karasikan | jroning jinêm aliron sih | sun nêdya êtoh pati | yèn maleca malih kayun | sampun aliru wastra | landhêsaning ani-ani | ana ora ingsun mapan saking sira ||

15. Saya nglangut laras-mara | lir palwa kentir ing angin | sampun na tilar salira | tan ana sinêdyèng ati | wilangan tusing ngênting | kadi sarah munggwing laut | mingkêt tanapi obah | pondhoh cêngkir sun-wastani | sak-polahe tan lyan polahe sagara ||

16. Umbak karêm§ Prayoginipun / kèrêm /. ing sagara | anane datan kakalih | kang ingaranan sagara | dèn-kêna dera nampèni | lir uyah tibèng tasik | ing tampa ywa salah surup | yaiku kang sinedya | pilih ingkang nguningani | iya iku kang wus rohyating dumadya ||

17. Sabên wus dhawah gong nulya | Kartipala Palakarti | kalawan Kyai Saloka | katri sarêng anyênggaki | rêmpêg lir swara siji | êgong yong-geyong amoyung | sêsêgan sawatara | kinêndhon iramanèki | Sêkargadhung wus suwuk sèlèh tarêbang ||

--- 3 : 239 ---

18. Ki Dikara suka-rêna | èstu sajêg-kula urip | sa-Allah sawêg punika | mirêng kang kadya puniki | têka datan (m)bêrbêgi | wijang swara têrbang dhaup | bilih santri slawatan | swara umyung ngêlik-ngêlik | nganti êrak tan cêtha têrbang brung-brungan ||

19. Nahan ta sakèhing Kalang | kang nèng wana têbih-têbih | bawahe Kyai Dikara | dupi mirêng swaranèki | tarêbang mawa sinngir | pra samya dhatêng asêlur | miwah (m)bêkta wowohan | pala-sandhung warni-warni | atanapi pala-pêndhêm lan kasimpar ||

20. Dèrèsan arèn siwalan | daging kidang sangsam aking | wis pinarnah lungguhira | ki wisma gupuh (m)bejani | marang ing tamunèki | lah punika kanca-ulun | pra abdidalêm Kalang | kang sami wismèng wanadri | para Kalang lawan tamu sampun têpang ||

21. Babêktane wus tinata | nèng têngah saingga wukir | samya nadhah sasukanya | Mas Cêbolang lan Nurwitri | nyandhak tarêbang malih | mungêl gêndhing Kidung-kidung | binarung apalannya | kalima datan sarênti | ana Kalang mêncul (n)jogèt (m)bari sila ||

22. Kidung-kidung salondopan | kawi doro tonjok ênting | obah dhadha-dhadha êntap | pacak-gulu cake dupi | dangu ing sawatawis | sinêsêkkên tandya suwuk | karênan sakèh Kalang | nungsung warta mring ki panti | pintên dalu anggènnipun tarêbangan ||

23. Ki Dikara mèsêm lingnya | amung saratri puniki | rèh wus sawatara dina | ayun bidhal benjing-enjing | maring ing Pranaragi | prêlu atalabul ngèlmu | Kalang goyang kapala | dhuh anggèr (m)bok inggih-inggih | ywa kasêsa wontêna ngriki sacandra ||

24. Kula kang jagi rumêksa | rahayuning kanang dhiri | myang ngawontênkên sasêgah | tumuntur mring Pranaragi | Cêbolang lingira ris | saklangkung panuwun-ulun | inggih benjing kewala | mantuk-kula tamtu kampir | datan lami wontên nagri Pranaraga ||

25. Sadalu dènnya têrbangan | dupi wanci pajar gidip | sata kaluruk

--- 3 : 240 ---

sauran | miwah swaraning kang paksi | mrak manguwuh dumêling | sung peling kang arsa nglangut | nuli sira mangkata | ywa kalamèn nèng wanadri | isih dawa mungguhing lalakonnira ||

26. Kèndêl dènnya tarêbangan | Cêbolang sarewangnèki | wus pamit mring Ki Dikara | mring pra Kalang kang manggihi | asung puja basuki | kang sinung ling samya (n)dhêku | mêdhun saking planggrongan | Ki Dikara têdah margi | Kalang-kalang (ng)garubyuk ana ing wuntat ||

27. tarêbang dwi kang ambêkta | Kartipala Palakarti | Kalang sawiji anyêlak | mring Cêbolang lan Nurwitri | prayogi sinung nami | tarêbang kakalih wau | kang agêng Mangunarja | ingkang alit Mangajapsih | Mas Cêbolang sukèng tyas mangayubagya ||

28. Lampahe praptèng trataban | pra samya andum basuki | pra Kalang wangsul ing wana | lam-lamên duk wau ratri | muji nuline bali | sigêg pra Kalang kang mantuk | nahan ta lampahira | Cêbolang sarewangnèki | mahawan ring pagagan sêtrèn têgalan ||

29. Nurut margi padhusunan | ngambah ardi alit-alit | prapta ing ardi Têmbayat | miyat masjid alit cèkli | wingit singit rêspati | Cêbolang sarewangipun | manjing srambi kapanggya | lan Ki Modin saha Bodin | wus tinanya nama pinangka myang sêdya ||

30. Mas Cêbolang apratela | kalawan tatanya aris | kula nyuwun sasêrêpan | sintên kang sinambating sih | ngriki dhusun ing pundi | dene harjane kalangkung | jalu èstri ngibadah | dalah lare alit-alit | sanggèn-ênggèn samya ngabêkti ing Allah ||

31. Ki Modin alon lingira | kula Modin saha Bodin | riki ingaran Têmbayat | lêrês andika mastani | sênênning dhusun kèksi | nguni kang awit dhudhukuh | kyatingrat Sunan Bayat | duk dèrèng jumênêng wali | apaparahapaparab. Kyai Gêdhe Pandhanarang ||

32. Asal saking ing Samarang | sugih singgih anglangkungi | anyakabat (n)Jêng Suhunan | Kalijaga dèn-dhawuhi | martapi anèng riki | dene masigid di-luhung | criyose tiyang sêpah | saking Mêkah asalnèki | ingkang pangandika Sunan Kalijaga ||

33. Sunan Bayat sakaliyan | dumugi praptaning jangji | sumare ardi

--- 3 : 241 ---

punika | wontên sabatnya satunggil | Sèh Dumba awawangi | wafate sumare gunung | Cakaran cakêt Bayat | kang katingal saking riki | paran karsa kula sagah ngatêrêna ||

34. Inggih kakang yèn kalilan | kula ayun mangastuti | muhung jiyarah kewala | nahlilakên kang suwargi | nyuwun sawab basuki | lêstarining lampah-ulun | Ki Modin tansah nyawang | marang ingkang nêmbe prapti | cahya wênês bagus jatmika prasaja ||

35. Ngunandika jroning nala | kimase pangiramami | dudu santri nyêgobangan | cahyane nguwung nêlahi | wasana wacana ris | punika langkung panuju | punapa sapunika | punapa bakda NgisaiNgisa'i. | Cêbolang ngling prayogi bakdaning Ngisa ||

36. Tan cinatur dènnya wêkdal | paragat wêktu Ngisa-i | Ki Modin miranti dupa | Cêbolang sarowangnèki | wus kerit cêlak margi | anon pakuburan agung | ing dagan ngilak-ilak | Nurwitri tatanya aris | sintên ingkang sumare kubur punika ||

37. Lah niku (ng)gèr garwanira | (n)Jêng Sunan Têmbayat nguni | kathah kang samya jiyarah | nênêpi nyunyuwun sugih | lajêng lampahirèki | prapta pasareyanipun | (n)Jêng Sunan ing Têmbayat | anèng (n)dagan sadayèki | Mas Cêbolang asung salam mirêng swara ||

38. Tètèh cêtha winangsulan | sadaya samya miyarsi | Ki Modin goyang kêpala | sangsaya ing kurmatnèki | tutug dènnira tahlil | wawi kakang samya mundur | mring makame Sèh Dumba | kang nèng ing Cakaran wukir | lumaksana Ki Modin lumakyèng ngarsa ||

39. Praptèng kubure Sèh Dumba | anèng (n)dagan dèrèng linggih | Mas Cêbolang asung salam | uga na swara mangsuli | anjawab salamnèki | nulya nèng daganirèku | nutug dènnya tahlilan | pragat wangsul mring masigid | Kyai Modin pamit ayun marang wisma ||

40. Mêndhêt sêgah sawontênnya | Cêbolang datan marêngi | kakang sampun susah-susah | sarèhning wus têngah ratri | damêl susahing batih | mangke sabibaring Subuh | ulun lajêng kewala |

--- 3 : 242 ---

dhumatêng Wanakartèki | Kyai Modin (n)dhêku gya (ng)gêlari glaran ||

41. Bantal dhumpal wus tinata | dilah jodhog mêlik-mêlik | ontongan klobot myang sata | mênyan madu sakêmiri | nèng kêba dèn slêmpiti | pangot ngiras kangge (m)bêsut | lantingan kêbak toya | sumangga sawontênnèki | sami êsês miwah ngunjuk toya tawa ||

42. Kang sinung ling samya rahab | nyêbrak kalobot (m)bêsuti | lininting winoran mênyan | kang ngorong nglangga ing kêndhi | nikmat tumraping dhiri | sênêng têntrêm nir ing rapuh | sadaya suka-rêna | gumrumung sajroning masjid | Ki Abodin angling marang tamunira ||

43. Kala wontên pasareyan | sakalangkung eram-mami | pun adhi atur sasalam | têka wontên kang mangsuli | nèng ardi Bayat tuwin | nèng ardi Cakaran wau | awit salami kula | dèrèng nate amêningi | lalampahan kang mirid kadi punika ||

44. Punapi ta karananya | Mas Cêbolang amangsuli | sawêg pinuju kewala | botên wontên kêdhah-kêdhih | amung pratandha luwih | sakalihe kang wus marhum | bokmanawi punika | iribane kang nêtêpi | nora mati kewala ngalih panggonan ||

45. Sèh Bodin goyang kêpala | adhi ing saèstunèki | toh sabên ari angucap | asung salam myang mangsuli | ananging amung angling | tan uninga kajêngipun | pun adhi bilih wikan | pyarogi winêdhar angling | paring sawab mring ulun punggung Asmara ||

232. Asmaradana

1. Mas Cêbolang lingira ris | pamanggih-ulun piyambak | kilap têmên myang lêpate | miwah kacondhongan karsa | botênnipun sumangga | kojahe santri ngaluyug | asring ngêpotakên wêkdal ||

2. Tiyang ingkang dhatêng angling | dhumatêng kang kadhatêngan | asalamu ngalaekom | jarwa wilujêng kawula | tumrape ing sampeyan | ingkang kadhatêngan muwus | wa ngalaekumu-salam ||

--- 3 : 243 ---

3. Wardinipun kula inggih | makatên ugi tan sisah | sanadyan wilujêng ingong | tumrap ing atas sampeyan | dyan talêkêman asta | wontên ingkang botên namung | sami wicantên kewala ||

4. Kang mawi gathuk astèki | punika tumrap kang samya | têpung lajêng samya jagong | twin pinanggih dêg-dêgan |Kurang satu suku kata: tuwin pinanggih dêg-dêgan. mrih lêkêtkên sasanak | asih sinihan satuhu | anambahi kasantosan ||

5. De kang tan gathuk astèki | tumrap sami saking têbah | cêkap sung salam kemawon | tan mawi têkêman asta | wardine têmbung salam | punika slamêt rahayu | manjing dhatêng kasantosan ||

6. Pikajêngipun winarni | tyang kang dhatêng uluk-salam | sèstu anyantosakake | saha ngêgungakên urmat | maring kang kadhatêngan | wangsulan mungalaekum | pan kosokwangsul kewala ||

7. wontên malih rasanèki | wardine salam raharja | wujud gêsang umuringong | mangka sipating agêsang | tuwin umur punika | mung satunggal èstunipun | tan kenging bilih kabagya ||

8. Ing ngriku lajêng kabagi | ruruba katur ing liyan | apan têlas saèstune | nanging margi saking satya | lêgawaning wardaya | Allah ingkang Maha Agung | (m)barêngi kula sung salam ||

9. Maringi lintu basuki | umur kalangkung utama | katimbang lawan umure | ingkang rinubakkên liyan | kados mandar santosa | dene kang rinuban wau | upami wilujêngira ||

10. Dèrèng rinubakkên yêkti | kang mangka angsal tambahan | èstu mindhak santosane | nadyan wus kinarya ruba | sarèhning Maha Nasa | sampun amaringi lintu | langkung sae myang santosa ||

11. Inggih sangsaya mêwahi | sangêt kêkah kuwatira | mênggah ta katêrangane | sadaya muhung minangka | jalaran kang Kuwasa | anggènnipun badhe asung | ganjaran myang kadrajadan ||

12. Dhumatêng kawulanèki | kang tumrap Êdating Allah | pribadi kang boya katon | dene kang samya tumitah | sarana kadhawuhan | apan sami kinèn uluk | -salam miwah jawat-asta ||

13. Pan sami siniyan ing sih | sintên kang mituhokêna | saparentahing [saparen...]

--- 3 : 244 ---

[...tahing] Hyang MasonManon. | èstu amangguh kabêgjan | kang agung tumrap dunya | tanapi ngakeratipun | mila sami ngistokêna ||

14. Liring dhawuhing Hyang Widdhi | ing Kur'an sampun kaênas | tangèh kalamun macêthot | Ki Abodin lon lingira | mugi kawêdharêna | inggih kakang èngêt-ulun | rapale kadi punika ||

15. Ya ayu haladinna-ni | amanu kinakiyitan | bitakiyatin pa kiye | biak anu min alawan | auratuha tamat | maknanipun rapal wau | èh eling-elingên poma ||

16. Umat mukmin sadayèki | kala sira tampa ruba | lan sadhengah rurubane | iya iku kaslamêtan | myang maujud sabarang | nuli malêsa sirèku | kalawan ganti ruruba ||

17. Ingkang sakira ngungkuli | lawan rurubaning liyan | utawa ambalèkake | ing satimbange kewala | dene ta kukumira | tyang mung ruruba salamu | tuwin sadhengah ruruba ||

18. Amung sunat yêktinèki | de kang ingulukan salam | wajib asung wangsulanne | nanging wajib kiyapah |Kurang satu suku kata: ananging wajib kipayah. sanepane mangkana | upami tyang kathah kumpul | wontên ingkang uluk-salam ||

19. Salah satunggal mangsuli | wus nir kasipatan dosa | kang tan sung wangsulan kabèh | cêkap satunggal kewala | dene ta wawangsulan | kang ngungkuli rurubèku | amung makatên kewala ||

20. Upami rurubanèki | asalamu ngalaekam | wangsulane kang kinaot | wa ngalaekumssalam |Kurang satu suku kata: wa ngalaekumusalam. wa rahmatulahi wa | -barakatuhu puniku | utamining wawangsulan ||

21. De kang mung stimbangnèki |Kurang satu suku kata: De kang mung satimbangnèki. salamu ngalaekum |Kurang satu suku kata: asalamu ngalaekum. wa ngalekumu salame | cêkak makatên kewala | manawi kang ruruba | barang ing sawujudipun | puniku winalêsana ||

22. Klawan barang kang ngungkuli | utawi satimbangira | yèn tan sagêd malêsake | ingkang sami wujud barang | puniku winalêsa | lan suka narimèng kalbu | tuwin pamuji raharja ||

23. Punika langkung utami | katimbang winalês barang | kang timbang lan rurubane | apan ta namung punika | ing sasêrêpan kula | Sahabodin manthuk-manthuk | sa Allah sawêg punika ||

--- 3 : 245 ---

24. Uninga suraosnèki | sasalaman jawat-asta | toh ing sabên dintên kangge | nanging pamanggihing manah | mung saking kalimrahan | botên nyana yèn kadyèku | jinèrèng angandhar-andhar ||

25. wontên malih ri riyadi | bakdane wulan Ramêlan | ugi sami marlokake | pupanggihanpêpanggihan. sasalaman | manawi tan pinanggya | cêkap akintun kinintun | kintèki mawi sinêrat ||

26. Minangka wawakilnèki | silatulrahmi rayadya§ Prayoginipun / riyadya = riyadi. | lah kadi pundi kajênge | Mas Cêbolang lon lingira | silatulrahmi iku | têgêsipun apan nyambung | katrêsnan trusing wardaya ||

27. A la dalah manggih malih | adhi botên pisan-pisan | yèn gunggung amrih pakolèh | nitik antaraning budya | sanès santri walaka | rapal makna murat putus | suraose wus tan kewran ||

28. Sanès têtêmbungan santri | kêdale wong ahli-praja | dhèmês luwês tan tumpangso | punapi sampun angambah | ing nagri Ngèksiganda | Mas Cêbolang lingira rum | sampun nanging mung sakêdhap ||

29. Kakang kula nyuwun uning | (n)Jêng Susunan ing Têmbayat | saking ing pundi asale | dene gung karamatira | sokur bilih miyarsa | lampahane duk rumuhun | ing nalika sugêngira ||

30. Sahabodin amangsuli | criyose swargine bapa | makatên lalampahane | pangagêng nagri Samarang | Ki Gêdhe Pandhanarang | bangsanipun bandha-bandhu | bèr donya tan siya-siya ||

31. Tiyang mardagang sanagri | [...] |Kurang satu baris: 8a; mungkin baris berikutnya perlu dibagi menjadi dua: Sêmarang angêmplang ... / ... nora rinèwès /, karena mungkin yang kelewatan ada di antaranya. Agar hitungan suku kata benar: Sêmarang angêmplang-êmplang / ananging nora rinèwès. Sêmarang ngêmplang nora rinèwès |Lebih dua suku kata: lihat baris dan catatan kaki sebelumnya. kawarna-a Kangjêng Sunan | Kalijaga wus wikan | yèn badhe wali linuhung | ngèlmu dèrèng tinarbuka ||

32. Ki Gêdhe cinoba nuli | (n)Jêng Sunan mindha kawula | sade kambèngan karyane | nanging jroning alang-alang | dinèkèkau buntêlan |Lebih satu suku kata: dinekekan buntêlan. slangkung kèthèng kathahipun | (n)Jêng Sunan nulya mring pasar ||

33. Ki Gêdhe winuwus malih | lumampah dhatêng ing pasar |

--- 3 : 246 ---

angungak saliring wudhon | [...] |Kurang satu baris: arsa amundhut kambêngan [sumber: koleksi Jurusan Sastra Daerah UNS]. nulya mring Kangjêng Sunan | pira rêgane sapikul | paman alang-alangira ||

34. (n)Jêng Sunan aturira ris | rêgane kambêngan kula | inggih mung salawe kèthèng | botên kenging dipun anyang | yèn botên papajêngan | inggih kula bêkta mantuk | Ki Gêdhe gumujêng suka ||

35. Wuwuse asêmu manis | pathok bangkrung sira paman | lah sun-têmpuh sarêgane | payo sira atêrêna | marang ing wismaningwang | Ki Gêdhe nulya umantuk | (n)Jêng Sunan ngrêmbat kambêngan ||

36. Wus prapta ing wismanèki | Ki Gêdhe ambayar uwang | kathahe salawe kèthèng | pan sarwi angling wawêkas | paman adol kambêngan | lamun akèh tunggalipun | sun tuku kabêh atêrna ||

37. (n)Jêng Sunan aris nauri | inggih kyai benjing-enjing | kula ngatêr kambêngane | Kangjêng Sunan nulya kesah | Ki Gêdhe prentah karya | wuwunge gêdhoganipun | alang-alang gya ingudhal ||

38. Kinarya wuwung udani | buntêlan yatra nèng têngah | salangkung kèthèng kathahe | katur marang Ki Dipatya | kambêngan isi arta | Ki Dipati aris muwus | iki artane si paman ||

39. Binuntêl dene akèri | anèng jroning alang-alang | baya lali paman kae | wus pinasthi bêgjaningwang | têtuku tan kelangan | ing dalu datan winuwus | injangeenjange. ingkang winarna ||

40. Ki Gêdhe Samarang linggih | anèng ing dalêm pandhapa | ingayap pawongan akèh | Ki Dipati arsa dhahar | kinarya sasarapan | dhaharan wus munggèng ngayun | ngadhêp wedang tinepasan ||

41. Kang namur-kawula prapti | (n)Jêng Susunan Kalijaga | sarwi mikul kêmbêngane | ngirit marang plataran |Kurang satu suku kata: ngirid marang palataran. dening kang jagi lawang | Ki Dipati priksa muwus | lah paman age linggiha ||

42. (n)Jêng Sunan alon alinggih | ngèmpèr kidul prênahira | sarwi ngadhêp rêmbatanne | ngêntosi dènnya sarapan | Dipati ing Samarang | wus linorod ambêngipun | kanthi lorod sasarapan ||

--- 3 : 247 ---

233. Kinanthi

1. Ki Dipati ngandika rum | dhatêng kang amindha kuli | esuk têmên (ng)gonmu prapta | wismamu apa tan têbih | kang namur-lampah ris mojar | inggih têbih wisma-mami ||

2. Ngardi Jabalkat rannipun | Ki Dipati angling malih | dene adoh wismanira | lah ngêndi pondhokirèki | tan mawi pondhok kawula | (n)duduk saking wisma enjing ||

3. Ki Gêdhe gawok kalangkung | miyarsa aturing kuli | aglis dènnya ngambil arta | salawe kèthèng kèhnèki | ingulungkên wus tinampan | (n)Jêng Sunan angling mlas-asih ||

4. Bilih kaparêng ing kalbu | kawula anyuwun ngêmis | inggih salila sampeyan | karêpa maring Hyang Widdhi | Ki Dipati ngambil arta | sakèthèng nguncalkên aglis ||

5. Maring (n)Jêng Sunan linuhung | tibèng jobin anèng ngarsi | sang mindha alon lingira | ulun tan angêmis picis | tangèh rêmên donyabrana | yèn parêng panyuwun-mami ||

6. Ungêling bêdhug masjid gung | Ki Dipati ngucap bêngis | lêngguk têmên paman sira | tan rêmên bandha sakèpèngsakeping. | iku gêmpalaning reyal | reyal gêmpalaning rukmi ||

7. Mung (n)jaluk unining bêdhug | mangsa bêdhug antuk anggris | sang pindha kuli lingira | ywa makatên Ki Dipati | tan sae dintên akirnya | ywa mangeran dunya picis ||

8. Dados brahala satuhu | nir manggih swarga linuwih | wong mangeran marang dunya | pêtêng tumêkaning takdir | kaalingan ing brahala | tangèh antuk swarga jati ||

9. Jênênging kita satuhu | anèng donya boya lali | pinasthi umantuk marang | ajal rahmating Hyang Widdhi | kêkêl nèng ngriku kewala | paran yèn datan pinikir ||

10. Têbih kapengin katèngsun | sugih dunya lir dipati | ngapirani têmbenira | yèn antuk swarga linuwih | mulya-mulyaning kawula | barang kang cinipta dadi ||

--- 3 : 248 ---

11. Nèng dunya upaminipun | anggaota pitung warsi | pan taksih kenging winilang | de (ng)gaota nèng swarga-di | sagacrokan mas sasingkal | sumangga ingkang pamanggih ||

12. Ki Dipati mèsêm muwus | (ng)gadêbus si paman iki | kaya wong wus wêruh swarga | lamun wêruha sirèki | boya adol alang-alang | lan boya anêmbung ngêmis ||

13. Pasthi krasan nèng swarga-gung | (n)Jêng Sunan aris mangsuli | yèn manira rêmên êmas | nora susah angruwati | anggêdhug mangsa danguwa | ngambil êmas saking siti ||

14. (n)Jêng Sunan dyan nyandhak pacul | mring plataran macul siti | sagacrokan nulya dadya | mas sasingkal agêngnèki | ingulungkên mring Dipatya | lah niki rukmi swarga-di ||

15. Pinaringkên mring sirèku | nulya mudhun Ki Dipati | tumingal êmas sasingkal | mancorong kèh tunggilnèki | anjêngêr tan sagêd ngucap | ing tyas sakalangkung ajrih ||

16. Êmas winangsulkên gupuh | mring siti wus tan katawis | Ki Dipati saya wêwah | ajrih asih trusing galih | cinandhak ki namur-lampah | kinanthi minggah pandhapi ||

17. Ingaturan jajar lungguh | ngrarêpa umatur aris | niti warti tatakrama | nuwun gunging pangaksami | saking sangêt kalêpatan | angina samèng dumadi ||

18. Ing mangke kiyai ulun | asrah jiwa-raga yêkti | kawula angèstupada | anglampahi ing satuding | sakit praptamirèngpraptanirèng. pêjah | sumangga ing asta kalih ||

19. Amung ing panuwun-ulun | tumuntên tampiya kang sih | èwêting tiyang tumitah | manawi kasêlak lalis | (n)Jêng Sunan marwata-suta | pangandikanira manis ||

20. Yèn têmên-têmên sirèku | arsa (ng)gêguru mring mami | manira nêdha pratandha | patang prakara kèhnèki | ngibadaha salaminya | angadêgna iman sukci ||

21. Lan nginguwa santri kaum | Islama wong sak-Sêmawis | mulyakna bêdhug lan langgar | dene ingkang kaping kalih | (n)dika jakat lawan lila | wit dunya akèh pan wajib ||

--- 3 : 249 ---

22. Jinakatakên puniku | dimurwatta lawan adil | lawan kaping tiganira | kêdah sumingkir sakalir | kadunyan myang kawiryawan | kang dadya bancanèng pati ||

23. Wasana kang kaping catur | kesah sing wismanirèki | anuntumakên bêdhiyan | mring wismaning gurunèki | yèn têmên yun puruita | (n)dika maring jênêng-mami ||

24. lajêng nusula maringsun | maring ing Jabalkat wukir | Ki Gêdhe aris aturnya | ing pundi pêrnahing wukir | lan tuwan sintên sinambat | (n)Jêng Sunan mèsêm lingnya ris ||

25. Tanah Têmbayat puniku | Sèh Malaya aran-mami | (n)Jêng Sunan wusing ngandika | linggar mentar tan kaèksi | Ki Gêdhe dumadya rimang | datan anyana samênir ||

26. Katêkan wali panutup | ginagas saya ngranuhi | pupuntonaning wardaya | pan arsa tumulya maring | asrama arga Jabalkat | ketang dhawuhe sang yogi ||

27. Ki Adipati dyan kondur | pinanggih garwa myang siwi | mêdharkên ing karsanira | dènnya yun mahas ngasêpi | mituhu tuduh minulya | rajabrana gya winaris ||

28. Mring garwa myang putranipun | kadang warga miwah abdi | tanapi sudhiya jakat | mring sanggyaning pêkir miskin | praja pinasrahkên marang | ing ari kinèn mandhiri ||

29. Myang nêtêpkên dhawuhipun | wawêling (n)Jêng Sunan Kali | adan pamit mring pra garwa | tanapi putra myang ari | garwa kang sêpuh priyangga | lumuh tinilar ing laki ||

30. Kêdah tumut ing sapurug | prasêtya sabaya-pati | tuluse mangèstupada | ing donya praptaning akir | Ki Gêdhe kalintang wêlas | panyuwunne dènlilani ||

31. Ngandika dhuh sang (m)bêg sadu | nyai yèn mèlu mring mami | aywa sira (ng)gawa brana | wêwalêre sang ayogi | wit iku dadi brahala | mamêtêngi jaman lalis ||

32. Lamun sira adrêng mèlu | salinna busana putih | kang garwa matur sandika | mulya sira Ki Dipati | amangagêm sarwa pêthak | wusing atus amamêling ||

--- 3 : 250 ---

33. Tumindak risang nahên kung | pribadi tan mawi dasih | sumêdya amati-raga | lastari dènnya lumaris | Nyai Gêdhe atut-wuntat | panganggone sarwa putih ||

34. Wuluh gadhing têkênipun | ingisenan sosotya-di | miwah lantakan kancana | kêbak ingkang wuluh gadhing | ngati-yati pangrêksanya | pakèwête wong lumaris ||

35. Tan weca ing kakungipun | angodhol wontên ing wingking | ajrih lamun kauningan | (ng)gènnya (m)bêkta barana-di | mring laki sang adipatya | sangêt dènnira malêri ||

36. Kang raka apan wus (n)dulu | isine kang wuluh gadhing | ananging api tan wikan | kêbat dènnira lumaris | kang garwa (ng)grèndhèl tinilar | repot labêting pawèstri ||

37. Lêpas kalih lampahipun | kapungkur nagri Samawis | praptèng wana tarataban | lan dhusun radi kapering | Ki Gêdhe ing Pandhanarang | kapêthuk tyang ngadhang margi ||

38. Titiga anèng dêlanggung | ambêbêgalambêbegal. karyanèki | ngandhêg risang (n)don lumampah | hèh paman mandhêga dhingin | aku (n)jaluk angsal-angsal | Ki Gêdhe aris nauri ||

39. Tan (ng)gêgawa lakuningsun | yèn sira kurangan bukti | wuri ika rabiningwang | anggawa barana adi | nèng têkên wuluh wadhahnya | rêbutên kang wuluh-gadhing ||

40. Aja (ng)gêpok awakipun | dènkêna kang wuluh-gadhing | pasthi tuwuk tyang titiga | Ki Gêdhe lajêng lumaris | katri begal wus samêkta | prayitna ngadhang nèng margi ||

41. Nyai Gêdhe nulya langkung | têkênne rinêbut kêni | Nyai Gêdhe gya lumajar | anangis nututi laki | Kyai Gêdhe tulungana | tyang titiga salah kardi ||

42. Katêlah karaning dhusun | Salahtiga praptèng mangkin | ya ta wuluh dyan pinêcah | èstu isi barana-di | dinar jêne lalantakan | tri begal suka tan sipi ||

43. Pinara tiga wus rampung | nulya wontên dhatêng malih | aran Kyai Sambangdalan | kasèp tan mèlu dèn-dumi | winartan marang kang angsal | iku tututana aglis ||

--- 3 : 251 ---

44. Têkênne kang lanang durung | kêna dak-rêbut wong katri | lagi kang wadon kewala | kang lanang lumaku dhingin | gugup wau Sambangdalan | nututi ingkang lumaris ||

45. Nahên ta ingkang lumayu | anututi marang laki | têbih dènnira kacandhak | Nyai Gêdhe asru nangis | sasambate amlasarsa | baya lali marang mami ||

46. Adarbe rabi wakingsun | nora karsa anulungi | tega têmên nilar ingwang | Ki Gêdhe amuwus aris | yayi tan mituhu wêkas | silip anggawa sotya-di ||

47. Majade mangsa dha wêruh | nèng sajroning wuluh-gadhing | suprandene kawêruhan | mung têkênnira pinilih | lah wis sira narima-a | wong pinundhut mring kang kardi ||

48. Lah payo anènga ngayun | ingsun kang lumakyèng wuri | nulya lajêng lampahira | ucapên ingkang nututi | Sambangdalan nulya prapta | angrêbut têkênnya cis ||Kurang satu suku kata: angrêbut têkênnya êcis.

49. Wus sinungkên têkênnipun | kayu sandhang tanpa isi | tinampik nulya tinampan | têkên wangsul mring dipati | ki Sambangdalan angucap | paman (n)jaluk olih-olih ||

50. Ki Gêdhe nulya amuwus | ingsun nora olih-olih | Sambangdalan pan amêksa | minta dinar lan rêtna-di | yèn tan suka ingsun rêbat | ywa nganti ingsun-gêbugi ||

51. Kyai Gêdhe malih muwus | andalarung sira iki | kaya wêdhus ambêkira | tan ngêjêp ujaring jalmi | Sambangdalan malih warna | wêdhus dumba gêng ainggil ||

52. Ki Dipati awas (n)dulu | yèn kang begal malih warni | langkung jrih lajêng lumampah | punang dumba anututi | tan uning yèn malih warna | maksih ngucap kadi jalmi ||

53. Nulya nyabrang lèpèn agung | tan sagêd ngadêg nèng warih | lawan wruh wayangannira | angrasa yèn malih warna | nulya nangis asrah tobat | têmbung manis atut-wuri ||

--- 3 : 252 ---

234. Dhandhanggula

1. Kyai Gêdhe dènnira lumaris | sampun prapta ing tanah Têmbayat | mênggahminggah. wukir Jabalkat-e | amanggih dhusun agung | datan wontên lèpèn myang prigi | lan manggih masjid pelag | alit wingit bagus | nèng ngriku dènnya dhadhêkah | wukir Jabal satètès tan ana warih | Sambangdalan ngawula ||

2. Miminta sih mulyaning kang warni | sinung karya ngisèni padasan | tan tinutup pancurane | datan linilan turu | lamun dèrèng (m)bludag kang warih | padasan êncèhika | gêngnya tigang prangkul | sapanggayuh inggilira | rintên dalu tan kèndêl dènnya ngisèni | pangambile kang toya ||

3. Tumurun ring lèpèn radi têbih | pinarantèn pambêktaning toya | mituhu ing saprentahe | awrate ing panuwun | mantuk angsal jalma sajati | ing têmbe wus sinêdya | lajêng angguguru | wus sapta ri nèng Jabalkat | tanpa nendra muhung ngangsu rina wêngi | padasan nora kêbak ||

4. Nulya rawuh (n)Jêng Susunan Kali | têtêkên cis lênggah sela gilang | Ki Dipati lan nyaine | mangaraspada gupuh | Sambangdalan (n)dhèrèk ngabêkti | (n)Jêng Sunan angandika | dene iku wêdhus | bisa ngucap tatajalma | paranbaya kang dadi purwaning nguni | pun Dumba matur nêmbah ||

5. Borong angga sumangga sang yogi | (n)Jêng Suhunan aris angandika | bênêr aturira jêbèng | mula sira dèn-kawus | tobata ring Kang Maha Sukci | minta-a pangaksama | nir ing cintrakamu | jatining tuhu manungsa | ya muliha marang asalira jalmi | sabdaning wali-tama ||

6. Sambangdalan cintrakanya wus nir | mulya jati jatining manungsa | sumungkêm pada pamase | sukanya tan cinatur | Sunan Kali têkênnya êcis | dinudut nulya mêdal | toya wêning mancur | kinèn anambaki sarya | blumbang alit lêstantun ngantos samangkin | sabdaning wali mulya ||

7. Datan kenging lokak kanang warih | nadyan nuju ing mangsa katiga | botên suda ing wêdale | karamat wali luhung | Sunan

--- 3 : 253 ---

Kali ngandika malih | dhumatêng Ki Dipatya | ing samêngko kulup | wus manjing wali nujêmba | ingsun asung kakasih sira samangkin | Pangeran ing Têmbayat ||

8. Ngislamêna sakathahing jalmi | ingkang isih nut agama lawas | lawan têtêpa nèng kene | wruhanta masjid iku | têka Mêkah asalirèki | angadêgna Jumuwah | lan maninge kulup | Sambangdalan mantêp sêtya | apuranên sakèhe dosanirèki | dadiya sabatira ||

9. Ingsun asung aran ing samangkin | Sambangdalan jênênga Sèh Dumba | nêmbah sandika ature | wasana kalihipun | Kangjêng Pangran lan sabatnèki | kalihe gya winêjang | sampunne kacukup | Sunan Kali tan katingal | lah punika criyose bapa ing nguni | Jêng Pangran kang wus swarga ||

10. Mas Cêbolang miwah catur santri | suka-rêna miyarsa carita | Cêbolang alon dêlinge | mênggah samangkenipun | kang jumênêng wontên ing ngriki | adhi (ng)gih putranira | ingkang sampun marhum | nama ugi (n)Jêng Pangeran | ing Têmbayat lumastari kadi nguni | ngluluri kang wus swarga ||

11. Mila botên têdhak maring masjid | kala wau sabakdaning Ngasar | wontên dhatêngan tingale | priyantun ing Mantarum | sampun ciklu tan mawi kanthi | padatan kang mangkana | amung Kyai êmpu | Anom Dhatuk ing Mataram | Mas Cêbolang èngêt pangandikane Ki | Ajar Kapurun arga ||

12. (n)Jêng Pangeran ing Têmbayat sami | lawan Panêmbahan ing Kajoran | pan samya winênangake | amêjang ngèlmi luhung | têrang saking dhawuh narpati | locitaning wardaya | pama sesuk-esuk | ulun sowan (n)Jêng Pangeran | kabênêran pinanggih Kinom Mantawis | wasana lon lingira ||

13. dhatêng ulun ing Têmbayat riki | padatan kang sampun kalampahan | punapi inggih angangge | linapurkên (n)Jêng Ulun | Sahabodin saha nauri | tamtu atur uninga | pancèn kala wau | pangangkah bilih (n)Jêng Pangran | têdhak Mahrib (ng)gènulun ngaturi uning | wasana datan têdhak ||

14. botên wande ulun dèndukani | wit katamuan tan atur uninga |Lebih satu suku kata: wit katamon tan atur uninga.

--- 3 : 254 ---

Cêbolang alon dêlinge | aksamanta kang agung | ulun dadya jalaran runtik | ing dintên benjing-enjing | bilih kakang lapur | ngiras mamitakên pisan | kula ngantos wontên ing srambi rumiyin | ki marbot suka-rêna ||

15. Langkung atut karsanipun yayi | wawi sami sare saliyêpan | lumayan tulak aripe | dhuh kakang sampun tanggung | bêdhug katri kirang sakêdhik | prayogi natas pisan | antuk sunatipun | kula nyuwun sasêrêpan | rèhning mratah tiyang ajal dènslamêti | tan wrin pikajêngira ||

16. Ingkang makatên punapa inggih | amung saking padatan mupakat | punapa wontên watonne | Sahabodin lingnya rum | dhawuhipun Kangjêng Kiyai | hèh Bodin rèhning sira | wus kalêbu kaum | kêrêp diundang kondangan | kinèn andongani ambêngan sakalir | mumule myang slamêtan ||

17. Lamun ana kang tanya dununging | slamêtanne jalma kang wus lena | kawit gêblag tumêkane | ing sèwu dinanipun | kadiparan jawabirèki | atur kula padatan | (n)Jêng Pangran sru (ng)guguk | wasana alon ngandika | hèh Abodin sirèku kudu udani | mangkene jawabira ||

18. Waton Kitab lan§ Prayoginipun / ran /. Tanajul-tarki | mulane wong mati dènsurtanah | amrênahakên jisime | kalawan ulêsipun | myang angingsêr tanahirèki | kang mau ana ngalam | -sahir dunungipun | samêngko wus salin ana | alam-kabir langgêng kahanannirèki | mulih mring asalira ||

19. Wong amati dèn-têlungdinani | nyampurnakkên kang patang prakara | apan anasir aranne | bumi we angin latu | de slamêtan pitunge ari | karêpe nyampurnakna | kulit miwah wulu | mula dèn-patpuluh-dina | iku apan nyampurnakkên gawan saking | bapa tanapi biyang ||

20. Rupa gêtih sungsum lawan daging | myang jêrowan kuku rambut tulang | jangkêpe wolu otote | mulane satusipun | ari mawi dipunslamêti | sampurnane kang sipat | badan wadhag iku | slamêtan pêndhak sapisan | iku sampurnaning kulit lawan daging |

--- 3 : 255 ---

miwah jêrowanira ||

21. Salamêtan pêndhak kaping kalih | sampurnane kaanan sadaya | kulit gêtih sasamine | amung kari babalung | mula nganggo sinèwu ari | iku apan pungkasan | nyampurnakkên sagung | ganda atanapi rahsa | wus nir rasa kalawan gandanirèki | sèwu dina sanyata ||

22. Curiga dipisah wrangkanèki | ora ana criga manjing wrangka | wrangka manjing curigane | lan mungguh ananipun | kanang Kitab Tanajul-tarki | Adam-sarpin basannya | mangkono bae wus | nanging ing salaminira | dèrèng wontên ingkang pitakèn mring mami | sawêg adhi punika ||

23. Ulun alimanan rèh wus wanci | natab bêdhug lah kakang sumangga | ki modin anatab age | dhêng dhêng dhêng nulya mudhun | mring patirtan lan tamunèki | maring lèpèn (m)bêbucal | wênèh samya adus | wussing ngambil toya kadas | minggah malih mring masjid amuji tasbih | Nurwitri tandya adan ||

24. Bakda adan dyan sunat Subêkti§ Prayoginipun / Subêki = Subuh. | bakda sunat Ki Saloka kamat | gêmlonggong agêng swarane | paragat wêktu Subuh | Ki Abodin lingira aris | sami kantun pinarak | kula lajêng lapur | saha mamitakên pisan | kang sinung ling (n)dhêku ki modin lumaris | nahan Pangran Têmbayat ||

25. Lagya lênggah lan tamunirèki | Kiyai Nèm êmpu Ngèksiganda | sadalu tan ana sare | anèng ing dalêm pungkur | ki Abodin lajêng mangarsi | makidhupuh anyêmbah | (n)Jêng Pangran andangu | Bodin sapa ingkang adan | lawan kamat ing mau waktu Subêkti§ Prayoginipun / Subêki = Subuh. | apa ta santri anyar ||

26. Sahabodin nêmbah matur aris | amba nyuwun gung-gunging duduka | tur uninga sawêg mangke | kala wingi pukulun | wanci sêrap wontên têtami | gangsal jalêr sadaya | kang satunggal bagus | têmbirang nama Cêbolang | rencang catur nama Saloka Nurwitri | Plakarti Kartipala ||

--- 3 : 256 ---

27. (m)Bêkta trêbang ngakênnipun santri | saking Kêdhu tambuh kang pinarak | nyuwun pamit ing samangke | nglajêngakên ngaluyug | dèrèng bidhal kèndêl nèng srambi | (n)Jêng Pangran mèsêm lingnya | sêmbrana sirèku | wingi kathik nora kandha | apa ingkang adan kamat mau enjing | nuwun inggih bêndara ||

28. Kiyai Nom anambungi angling | yayi ulun inggih sampun têrang | dhatêng kalima santrine | lami anèng Mantarum | wus kulina kalawan mami | Cêbolang jatinira | atmajêng sang wiku | Akadiyat Sokayasa | apaparab Sèh Anggungrimang samangkin | manjing wali nujêmba ||

29. Winêdharkên kalanira nguni | Mas Cêbolang duk anèng Mantaram | (n)Jêng Pangran sru andikane | Sahabodin dèn-gupuh | timbalana kalima santri | ingsun ayun pinanggya | Bodin nêmbah mundur | wangsul ngirid santri gangsal | Mas Cêbolang praptèng ngarsa mangênjali | mangraub dalamakan ||

30. Santri catur tumuntên ngabêkti | makidhupuh lir konjêm pratala | (n)Jêng Pangran alon dêlinge | kulup padha rahayu | satêkamu ing dhepok-mami | lawan sarowangira | kang sinung ling matur | saking pangèstu paduka | kula miwah sakanca sami basuki | barkah-dalêm (n)Jêng Pangran ||

31. Kiyai Nom aparing pambagi | myang ngandika kulup ora nyana | lamun katêmu ing kene | sira saka Mantarum | sabanjure marang ing ngêndi | Ki Cêbolang anêmbah | dhumatêng Kêpurun | sowan Ki Ajar Sutiksna | tan na lami wontên Kêpurun dyan§ Prayoginipun / (n)dan / = lajêng, enggal. maring | ing Candhi Parambanan ||

32. Aningali sanggyaning kang candhi | myang pinanggih Kiyai Karsana | minangka jurukuncine | namung sipêng sadalu | enjing bidhal lajêng dumugi | karajan ing Kajoran | naib ulun jujug | kang anama Ki Martaka | sarêng enjing sinowankên Kangjêng Kyai | minulya ing Kajoran ||

33. Panêmbahan sru parênging galih | radi lami ulun nèng Kajoran | ngantos rumêntah asihe | aparing nugraha gung | kawruh suci jati piningit | sabên ratri datan sah | nèng ngarsaning wiku |

--- 3 : 257 ---

langkung ing samadya candra | ulun mundur saking Kajoran dumugi | ing wana Tarataban ||

34. Anèng wana kadalon dyan mampir | ing planggrongan kapanggih kalawan | Ki Dikara paparabe | abdidalêm sang ulun | lurah Kalang griya wanadri | kalangkung dènnya trêsna | ngantos amba sinung | tarêbang wacucal kidang | sanjangipun amrih ywa sangsoyèng§ Prayoginipun / sangsayèng /. margi | gampil pados sipêngan ||

35. Undur-ulun saking ing wanadri | lumastantun sakeca ing lampah | kalawingi sabakdane | Ngasêr-i langkung rawuh | lamat-lamat ulun udani | ardi alit rêspatya | kawuryan ngunguwung | katarik kêncênging manah | dyan sumêngka rawuh sayah lêsah ênir | pikantuk rahmattolah ||

36. Ulun lajêng kèndêl ing surambi | masjid alit adi langkung pelag | amba tuwin sadayane | sami karaosipun | ing tyas ayêm têntrêm sakalir | anrus nikmat mupangat | silastuti mungkul | lajêng pinanggih kalawan | Sahabodin sabakdanipun Ngisa-i | ulun lajêng jiyarah ||

37. Astananya risang luhung swargi | kang wus antuk rahantingrahmating. Pangeran | (n)Jêng PangrapPangran. ing Têmbayate | bakdaning tahlil laju | mring Cakaran jiyarah ugi | astananya Sèh Dumba | bakda tabliltahlil. wangsul | ing masjid sadalu pisan | tan anendra ginêm kalawan ki modin | gotèkkên lalahanan ||

38. Pangran Bayat angandika aris | basane ya nora abêbakal | sira kasasar marene | yêktine ri katèngsun | ko§ Kawaosa / kok /. -sipêngi kang nganti lami | ing kene lan Kajoran | tan na seosipun | sira wus umanjing siswa | -nira kakang Panêmbahan Rama adi | ya uga putraningwang ||

39. Dhuh ki raka raosing tyasmami | mring Cêbolang lajêng asih trêsna | tan mantra kapanggih nêmbe | Mas Cêbolang andhêku | mangênjali umatur aris | dhuh sang kalêngkaningrat | sabda kang dhumaruhdhumawuh. | kalangkung kalinggamurddhakalinggamurda = selalu diingat untuk dilaksanakan. | borong angga sumanggêm ing lair batin | sakarsa lumaksana ||

--- 3 : 258 ---

40. Nahan dènnya pinarak wit enjing | têkèng wanci manjêring baskara | gumrênggêng dhrêdhêg bêdhuge | pangran ngandikèng wadu | hèh cah wadon ladèkna aglis | dhahar saananira | kang kinèn wus mundur | prapta ambêkta rampadan | dyan tinata liwêt lêmês akas gurih | golong tumpêng mêgana ||

41. Jangan mênir pêcêl ulur-pitik | brambang kunci sambêl sinantênan | brambang jae santên tempe | cupang sambêle jagung | dhêdhakohan sambêl-kêmiri | asêm sambêl lethokan | plapah sambêl-kukus | untub-untub sambêl-brambang | loncom jenggot bobor bubuk-dhêle jêmprit | bênce sambêl kaluwak ||

42. Padhamara kranggeyan (m)bok-jêmprit | lodhoh-pindhang telya sambêl-bawang | gudhêg sambêl-gorèng cuwèr | lumbu sambêl-cêmpaluk | sambêl-jêrampêcêl myang manggis | bubuk wihijèn kacang | dhêle sambêl-windu | uyah-gorèng bumbu-pala | sambêl-gocèk sambêl jae sambêl-kunci | sambêl-cabe ijêm bang ||

43. Pêcêl-kacang iso kêmbang-turi | dewa-daru lêmbayung thokolan | ingkung jlegor rèn§ Prayoginipun / ron /. cangkringe | gudhang-têmu poh gêndruk | ronning kêncur tarantang ririh | boros gundha-wèwèhan | nyemok gudhang-êbung | pêncok-suru diyèng mudha | cabuk gêmbrot bêbothokira sêmayi | gadhonne kendho urang ||

44. Bongko pelas garangasêm-pitik | asêm-asêm êntun kapri brambang | sundêl-lemên sêkar-tungkèng | bêbubus ayung-ayung | gêcok sêtup tomis mawarni | kuluban ceme mudha | acar pondhoh timun | lombok jêmprit brambang bawang | lêlalaban kêkêcambah gudhe kêmangi |Lebih satu suku kata: lêlalaban kêcambah gudhe kêmangi. myang ulam warna-warna ||

45. Wus miranti panataning bukti | Pangran Bayat alon angandika | Cêbolang barênga bae | anadhah padha kêmbul | dimèn enak (ng)goningsun bukti | kang sinung ling manêmbah | mangke kewala wus | ulun manadhah lorodan | nora kêna kulup payo barêng bukti | ngurmati (n)jêng ki-raka ||

--- 3 : 259 ---

46. Katiganya wus samya wawanting | nutug rahmat akêmbul-bujana | wus linorot sadayane | dharan lumadyèng ngayun | babasahan mawarni-warni | atanapi woh-wohan | santrinira catur | sarêng manadhah lorodan | langkung sêngkut bêtèke mêntas kalantih | tuwuk sadayanira ||

47. Wussing nadhah pangangsêging bukti | ingancaran aso mring pondhokan | Cêbolang nunggil pondhoke | lan Kinom ing Mantarum | siyangira datan winarni | dalu bakdaning Ngisa | (n)Jêng Pangran lan tamu | Kiyai Nom Mas Cêbolang | pinarak ing sanggar palanggatan katri | Jurudêmung (n)Jêng Pangran ||

235. Jurudêmung

1. Kakang êmpu Ngèksiganda | nguni wus mêdhar pitutur | dhawuhipun sang linuhung | (n)Jêng Suhunan Kalijaga | masalahing kanang dhuwung | prabot dhapur busananya | makna murad rahsanipun ||

2. Arinta radi kalepyan | mênggah urut-urutipun | satêmah dhompo tumpang-suh | Kinom mèsêm angandika | tiyang sanès wajibipun | layak bilih kasupènna | inggih ki raka pan namung ||

3. Saking pamanah kawula | rèhning tinitah tyang sêpuh | bilih kasandhang-kasandhung | wontên ingkang atêtanya | pramila panyuwun-ulun | kaparênga mêdharêna | rinaos suraosipun ||

4. Cêbolang langkung thêk-thêkan | rèhning nguni dèrèng sinung | katingal pasêmonipun | manganti wêdharing sabda | Kiyai Nom ngandika rum | atut yayi pamintanta | kinarya cacagak lungguh ||

5. Saking pangandikanira | (n)Jêng uwa ingkang Sinuhun | Kalijaga sudibya nung | prayogine kinawitan | kang supados urut-urut | Cêbolang antuk tambahan | kang sinung ling sukèng kalbu ||

6. Pinurwa kang aran ganja | punika kang luwih luhur | satuhu tuhune amung | Allah Subkanna Tangala | tutuping Allah (n)Jêng Rasul | Nabi nayakèng bawana | kakasihira Hyang Agung ||

--- 3 : 260 ---

7. Mangka nglahirkên tandhanya | Gusti lan kawulanipun | lorone sawujud |Kurang dua suku kata: loro-lorone sawujud. lamun ingaran satunggal | lan kakalih èstunipun | ingaran ro kadiparan | pan sawiji jatinipun ||

8. Sirah-cêcak kang winarna | satuhune Betal-makmur | sirahe manungsa iku | wêrdine sasananira | parameyan wijilipun | kaèngêtaning manungsa | tan lyan saka Betal-makmur ||

9. Tikêl-alis ginupita | nêpsu tri prakara èstu | Darana ingkang rumuhun | mila kaping kalihira | Maklum kaping tiganipun | yèku nêpsuning kang manah | Maknawi sukci rahayu ||

10. Kêmbang-kacang maknanira | Gunung Tursina satuhu | kang ngawruhi lakunipun | lumêbu myang mêdalira | ing napas kang mêtu ngirung | dadya tandhaning kawula | lawan Gustinira iku ||

11. Lambe-gajah kang winarni | iku ta sajatinipun | pan Lesan kita satuhu | Insan-kamil dunungira | pangandikaning Hyang Agung | asipat rupa sanyata | yèku sabda Kun paya-kun ||

12. Mangkya grènèng wujudira | aksara dha[...]Tandha kurung besar dicetak dengan huruf Jawa (dan di tempat lain). dha satuhu | myang aksara ma[...] punika | wêrdine panggonan pêjah | nèng jroning dhadhanirèku | mokal kalamun mêdala | ngaurip kalamun lampus ||

13. Gandhik apan têgêsira | punika woding jêjantung | ingkang kawasa satuhu | mahanani dumadiya | ing carêming manungsèku | datan liyan asalira | yêkti saking jantung mau ||

14. Sogokan ingkang winarna | manjing purusing jalmèku | ambuka warananipun | punang hawa nawa sanga | tingal karna lawan irung | tutuk tanapi jalêran | kanang sulbi jangkêpipun ||

15. Bawang-sabungkul winarna | baga purana satuhu | Betal-mukadas punika | omah (ng)gonning pasuciyan | Sraweyan gantya winuwus | iku wêrdine musibat | kang karan sajatinipun ||

16. Karuwingan wardinira | pawakan kita puniku | kudu winangut aturut | ingkang supaya prayoga | Pasikutan kang cinatur | wêrdi luwêsing manungsa | tandang kita aywa kidhung ||

17. Lawan kudu sumurupa | pasêmonne liyanipun | mangkya Pèjètan cinatur | iku driji jêmpol kita | kang kawasa nyangga

--- 3 : 261 ---

bakuh | ing karya nglantari marang | kauripan kita èstu ||

18. Wadidang ingkang winarna | sikil kita wêrdinipun | kang misesèng badan-ulun | gantya Tunggakan winarna | karêpe manungsa èstu | pan ora kêna kasoran | lumuh asor kudu unggul ||

19. Kèpèt mangkya pinarceka | talapakan kita iku | pat-upate manungsèku | mangkya Jalèn wardinira | urip-kita ywa kalimput | tinartamtu mulih sira | maring Hong ing asalipun ||

20. Waja mangkya kang jinarwa | iyèku aran babalung | manjing kasantosanIngsun | Wêsi iku daging kita | sajrone nèng donyanipun | sêrating wêsi winarna | manjing ing kulitannipun ||

21. Mangkya Pamor ginupita | iku otot bayunIngsun | sajatine cahya Ênur | -buwat kang gumilang gilang | ana ing wadana mancur | pratandhaning gêsang-kita | sukci trus wêning satuhu ||

22. Pêsi ingkang tinarbuka | apan pusêr wêrdinipun | minangka kaanan tuhu | ing tyas sanubari kita | Kodhokan pungkasanipun | tandhaning pangrungu kita | kang patang prakara gadhug ||

23. Tamat ricikan curiga | yayi apan mung puniku | Pangran Têmbayat lingnya rum | ki raka ywa katanggêlan | mênggah dhapuring kang dhuwung | lah inggih kawêdharêna | sinantunan sêkar Pangkur ||

236. Pangkur

1. Kinom mèsêm lon lingira | de dhapuring curiga kang winarni | Tilam-upih kang rumuhun | makna pasêmonnira | murat jalma wadon dene rahsanipun | pamikire marang katga | dikaya mikir padêmi ||

2. Brojol makna karêpkita | muradipun ingkang sampun kawijil | rasa kang bisa sirèku | anggêmèni wicara | sadurunge kawêtu sinukmèng kalbu | aja lunyu ing pangucap | lunyu lonyot angacuwis ||

--- 3 : 262 ---

3. Jalak-tilamsari wanda | maknanira yèku tutup sayêkti | dene murade wong turu | mungguhing rahsanira | aja pisah lawan gêgamanirèki | wunguwa tanapi§ Prayoginipun / wungu atanapi /. nendra | ing rina kalawan wêngi ||

4. Dhapur Jalak-dinding ika | makna kijab utawa aling-aling | murat têlung prakarèku | rahsaning ginupita | manungsèku kang mêsthi kudu anêbut | Allah kalawan Muhkamad | katrine Rasullolahi ||

5. Jalak-sungu tumpèng ika | maknanipun punika wadhah yakin | dene muwademurade. winuwus | pan rijêkining Allah | ransanirarahsanira. manungsa ywa wancak kalbu | tyas sumêlang yèn tan nadhah | Allah têmên murah asih ||

6. Jalak-ngore ginupita | maknanipun ura nora sawiji | murat pikir kang lumaku | mungguh ta rahsanira | manungsèku pan nora kêna kalimput | sanalika bawarahsa | pupuntoning barang pikir ||

7. Dhapur Sêngkêlat ginita | maknanira yèku urubing ati | murade patrap linuhung | dene ta rahsanira | ing sarina kalawan sawênginipun | tangi lungguh mlaku nendra | duga-duga aywa kari ||

8. Dhapur Carita punika | makna ujar wangsit ingkang prayogi | murat sumurup saèstu | dene ta rahsanira | kapintêran lan kagunan iku tamtu | dijalari ing wong wrêddha | mawa sabab sadayèki ||

9. Mangkya dhapur Sabuk-tampar | maknanira kêncêng nora katawis | murat luwih gawatipun | rahsane kaluwihan | pan tartamtu saka ing manahirèki | pribadi tan paran-paran | kanugrahhaning dumadi ||

10. Dhapur Sabuk-intên ika | maknanipun sosotya luwih adi | murade atinirèku | dene ta rahsanira | kamulyaning manungsèku tinartamtu | kudu anganggo sarengat | tatakrama kang prêmati ||

11. Dhapur Sumpana winasnawinarna. | makna ngimpi dene muradirèki |

--- 3 : 263 ---

nahan têrang ingkang kawruh | rahsa manungsa kêdah | darbe kira-kira prayoga ywa kantun | watara ringa sujana | siyang dalu dènkaèsthi ||

12. Kanang dhapur Carang-soka | maknanipun nêpsune tangan kalih | murade bakal puniku | dene ta rahsanira | uwong iku bakal mijèkakên tamtu | mulane babo ngagêsang | arahên mijèni bêcik ||

13. Dhapur Pandhawa winarna | makna lima murade sumurup ing | marga lilima satuhu | rahsa patining jalma | nora liya saka ri pasarannipun | lilima Êpon kalawan | Wage Kliwon Lêgi Paing ||

14. De Pandhawa-cinarita | maknanipun wujud lilima yêkti | muratmurad (dan di tempat lain). wulange wong sêpuh | rahsane kudu wikan | êninging kang pancadriyanira iku | dumadya sabar narima | sumingkir angkarèng budi ||

15. Dhapur kyai Sêmar-bêthak | makna ingkang pêtêng de muratnèki | kang wus enak rahsanipun | manungsa kawajiban | kudu angupaya boga kang pakantuk | ananging ywa cacah-cucah | nglakoni panggawe nisthip ||

16. Dhapur Sêmar-tinandhu pan | makna ingkang lawas pêtêngirèki | murate darbe ngamalun | rasa sabisa-bisa | manungsèku jroning urip aywa suwung | kudu adarbe rawatan | ing ngèlmu amrih basuki ||

17. Dhapur Sêmar-angujiwat | maknanira kang bungah kanthi eling | murat pamicara tuhu | rahsane ing sabarang | karêping kang manungsa ywa grasa-grusugrusa-grusu. | kanthiya panggalih padhang | kang sarèh dadi patitis ||

18. Kang dhapur Pandhawa-rarya | makna ati limang prakara yêkti | murat abang irêng pingul | jênar ijêm limanya | rahsanira ngaurip ywa nganti korup | marang ingkang panasaran | limang prakara ing ngarsi ||

19. Sêmpana-blandhong winarna | maknanira bêninging mripatnèki | murad manêgês manêkung | rahsa yèn darbe karsa | manungsèku kudu tajêm tingalipun | mênêp nir wardaya harda | dumadyan-tuk kang kaèsthi ||

--- 3 : 264 ---

20. Sêmpana-kinjêng winarna | maknanira anênggih jalma ngimpi | murade saèstunipun | apan ta seje jaman | rahsanira manungsèku nora wurung | ngambah marang ing kamuksan | mantuk mring ajalirèki ||

21. Dhapur Condhong-campur nama | maknanira amor utawa tunggil | murat waskithaning kalbu | rahsane kudu bisa | angumpuli marang ing sabarang rêmbug | aywa rêngkêng kang amêmbat | nayana kang katon manis ||

22. Campur-bawur ginupita | makna karêp dene murade pasthi | rahsaning pan tinartamtu | manungsa kudu jumblah | condhong dhaup pikire lan Gustinipun | lir campuring têmbaga mas | kang dadya suwasa murni ||

23. Adhapur Pudhak-satêgal | maknanira apan wujud sayêkti | murad pangêrti puniku | dene ta rahsanira | pikiring kang manungsèku kudu-kudu | gumêlar rasa nalika | cedha yèn katêmu buri ||

24. Dhapur Carubuk binabar | maknanira puniku apan siti | murad momot bakuh pêngkuh | dene ta rahsanira | aja tampik ingkang dènarêpi amung | marang ing bêcik kewala | kang ala aja dènmohi ||

25. Dhapur Sadak kang kawêdhar | makna kêncêng kumandêl kodratnèki | dene muradira nêpsu | mungguh rahsane poma | sabên ari ywa kêrêp ngowahi wujud | -ing kita warna priyawak | krik imba sasaminèki ||

26. Kang dhapur Rara-siduwa | maknanira apan ênom sayêkti | dene murade puniku | kêrêp-kêrêp kalepyan | rahsanira poma ywa pisah sirèku | lawan garwa pakênira | manawa sira aguling ||

27. Dhapur Kêbo-dhèndhèng ika | maknanipun apan enak sajati | dene ta muratirèku | kang rumêsêp sanyata | rahsanira mangkya ta ingkang tinutur | bangkit sung enak kewala | maring sasamèng dumadi ||

28. Dhapur Putri-sinaroja | maknanipun punika amêpaki | dene murade sumurup | mungguh ing rahsanira | manungsèku awarna-warna [awar...]

--- 3 : 265 ---

[...na-warna] satuhu | kang plêg padha nora-nana | mêthimêsthi. ana seosnèki ||

29. Karna-tinandhing ingandhar | de maknane punika ingkang sami | murade panasing kalbu | rahsane sabên dina | kudu rêbut pangawikan tanpa rampung | datan nana kang kasoran | dènnira arêbut titih ||

30. Têbu-sauyun pungkasan | maknanira uriping nyawa iki | murade patrap linuhung | dene ta rahsanira | manungsèku kudu micara kang jujur | kang condhong padha rahsanya | ywa ngèyèl sabarang pikir ||

31. Kinom Mantaram ngandika | sampun jangkêp tridasa kathahnèki | dhapuripun ingkang dhuwung | angling Pangran Têmbayat | sampun cocog lawan kaèngêtan-ulun | mugi kêparêng mêdharna | busananing kanang kêris ||

32. Kinom mèsêm mêdharsabda | busananing curiga pinarinci | wujud Warangka rumuhun | iku kayu sanyata | têmbung Arab puniku jatining Kayun | sajaratil-yakin ingkang | pasthi urip nora mati ||

33. Kang ingaran Godhong ika | jiwanira loro-loroning tunggil | Gusti lan kawulanipun | kudu sa-abipraya | kang ran Angkup têgêse kudu tuwajuh | sumungkêm ngrasèng kawula | tuwakup marang ing Gusti ||

34. Lapal wujud aran latha | lalêthêking athi-athinirèki | mangkya Ri-cangkring winuwus | yaiku pundhakira | dene ingkang ingaran GandurGandar. iku |Kurang satu suku kata: dene ingkang ingaranan Gandar iku. pan dêdêg pangadêgira | papêsthèn saminirèki ||

35. Kang ran Pêndhok jarwanira | ingkang andhok tata kramanirèki | Kandêlan têmbung kramèku | wêrdine ing tyasira | kudu ngandêl-kumandêl marang Hyang Agung | gantya Kathèkan winêdhar | panganti-antining Tokit ||

36. Mangkya Mêndhak têgêsira | dèna bisa ngêndhakakên panggalih | gantya Ukiran winuwus | wêrdine tandhanira | Gusti Maha Luhur kang ngluwihhkên sagung | sawiyah kang ginunturan | tartamtu tan kêna mukir ||

--- 3 : 266 ---

37. Tamat busananing katga | dhawuhipun (n)Jêng Uwa Sunan Kali | mênggah wujuding kang dhuwung | praboting pangukirnya | kawanlikur êbab kang wus ulun-galur | tèblège ing badan kita | ing lair tanapi batin ||

38. Sasampuning paripurna | parincine jumênêng aran Kêris | mula ran Kêris puniku | sajatine kêkêran | ing ngèlmune tinartamtu kudu wêruh | asli tinggalan wong tuwa | wasiyat arannirèki ||

39. Mula kramane ingaran | Dhuwung iku de lowung têgêsnèki | Wangkingan kramane luhur | nèng wingking panggènannya | dene Kêris aran sangkêlat puniku | ing sajati-jatinira | kudu-kudu disêngkêlit ||

40. Dhapur Sabuk-intên ika | panyêngklite kudu nèng sabuknèki | dhapur Panimbal puniku | ngawruhana carita | ingkang uwus tumimbal mring liyanipun | dhapur Jangkung panganggenya | kudu jinangkung dèn-eling ||

41. Dhapur Supana jinarwa | kudu pana marang ala lan bêcik | sabarang kang dipunrasuk | gantya dhapur Pandhawa | panganggene nèng têngahing badanipun | dhuwung Bêniwir dikiyat | ywa lèmèr pan tan sayogi ||

42. Titi dhawuhe (n)Jêng Uwa | mung puniku tan wontên malih-malih | kang manjing prabot salangkung | manjing dhapur tridasa | pan sawêlas manjing busananing dhuwung | manjing katrangan sadaya | sêkar Pocung kang gumanti ||

237. Pocung

1. (n)Jêng Pangeran Têmbayat sru sukèng kalbu | manthuk-manthuk lingnya | ki raka samangke inggih | sampun èngêt ananging prayoginira ||

2. Rèhning ulun ngèlmu kêpèk basanipun | tan kadi ki raka | èngêtan turut patitis | bêtèk ulun tinakdir dhasar supenan ||

3. Yèn ki raka kaparêng prayoginipun | tinrap ing pèngêtan | mupung wontên kang nyêrati | pun Cêbolang ngiras kadamêl panancang ||

--- 3 : 267 ---

4. Supadose nèng Têmbayat radi dangu | hèh kulup Cêbolang | muga dhangana kang ati | anulisi pangandikane ki raka ||

5. Kaya kang wus kawêdhar bab kêris mau | Cêbolang manêmbah | sandika darmi nglampahi | nanging awon ngêri sêratan kawula ||

6. Mênggah ingkang dados kaparênging kalbu | sastra Jawi Arab | (n)Jêng Pangran ngandika aris | lah tulisên ing sastra Arab kewala ||

7. Kiyai Nom angandika sira kulup | bêgja kamayangan | tambah kawruhira kaki | kang sinung ling manêmbah sru sukaning tyas ||

8. Yayi Pangran kadiparan kajêngipun | Sangat Kanabeyan | nadyan sami Amad-nèki | wontên ingkang pinilih tur pinilala ||

9. Amad wau sanadyan tatal rahayu | botên pinilala | ngupados Amat rijêki | awit pêcak sawêlas pot mancêr surya ||

10. Pangran angling pancèn wontên kajêngipun | bilih tan kalepyan | sabarang kang Sangat Nabi | watêkipun kadi ta ingkang winahya ||

11. Sangat Amat rangkêpanira Pitutur | purnamaning surya | pêcak salikur potnèki | gathitagathita = gathi = tanda waktu. sad tabuh astha êpotira ||

12. Watêkipun nênggih ing waktu puniku | sring dèn-inèng jalma | pinaido ing sasami | tuwin asring jinagal sasaminira ||

13. Amat Pacak-wêsi rarangkêpanipun | wit sêlikur pêcak | têkèng pêcak sawlasnèki | gathitastha satêngah sawlas potira ||

14. Watêkipun asring jinajal lalêmbut | kalawan manungsa | dènnira samèng dumadi | milanipun dwi Amat tan pinilala ||

15. Sangat Amat-Rijêki rangkêpanipun | wit pêcak sawêlas | cêping bêdhug êpotnèki | wit satêngah sawêlas bêdhug potira ||

16. Watêkipun keringan samèng tumuwuh | sabarang istijab | tan na manggih walangati | mung puniku Amad ingkang pinilala ||

17. Sangat Amat Kalangan rangkêpanipun | wit manjêring surya | wanci andhap êpotnèki | tabuh dwiwlas satêngah catur potira ||

18. Watêg nora kajèn kalaran tyasipun | Amat Tatal harja | andhap

--- 3 : 268 ---

tumêkèng saratri | watêkipun sami kaliyan ing ngarsa ||

19. Jabarail Rijêki rangkêpanipun | purnamaning surya | pêcak salikur potnèki | gathita sad tabuh astha êpotira ||

20. Watêkipun sajroning dèrèng pot wau | rosa budinira | kandêl dhatêng samukawis | tyas santosa tan na tilar ing duduga ||

21. Jabarail Kalangan rangkêpanipun | wit salikur pêcak | pêcak sawêlas potnèki | gathitastha satêngah sawlas potira ||

22. Watêkipun jirèh mring sadayanipun | tanapi rumangsan | tampan-atèn ing sakalir | mila asring salah surup ing pamanggya ||

23. Jabarail Salamêt rangkêpanipun | wit pêcak sawêlas | cêping bêdhug êpotnèki | wit satêngah sawlas bêdhug êpotira ||

24. Watêkipun sinung kabêkjankabêgjan. sawêgung | darajading rosa | kinuwatakên ing Widdhi | wantu-wantu paringing Hyang Maha Nasa ||

25. Jabarail rangkêpanira Pitutur | wit manjêring surya | praptèng andhap êponèki | awit bêdhug satêngah catur potira ||

26. Watêkipun sinung dalajad wong agung | linuhurkên marang | sasama-samèng dumadi | lumastari sêpi kanang kara-kara ||

27. Jabarail Pacak-wêsi tatalipun | awit wanci ngandhap | praptèng purnamaning rawi | wit satêngah sakawan sadalu pisan ||

28. Watêkipun anggung kangèlan sakayun | sabarang rêkasa | tunadungkap ing pambudi | wus dilalah têka tan ana kang gampang ||

29. Sangat Brahim Salamêt rangkêpanipun | purnamaning surya | pêcak salikur potnèki | gathita sad tabuh astha êpotira ||

30. Watêkipun dènêla-êla wong agung | ingeman ing kathah | jalu èstri ngêmi-êmi | solah tingkah sinung èngêt ing Hyang Suksma ||

31. Sangat Brahim rangkêpanipun Pitutur | wit salikur pêcak | pêcak sawêlas potnèki | gathitastha satêngah sawlas potira ||

32. Watêkipun dilalah karsèng Hyang Agung | sring-asring dènarah | mring sama-samèng dumadi | bilaine pamrihe aywa

--- 3 : 269 ---

widada ||

33. Sangat Brahim Pacak-wêsi tatalipun | wit pêcak sawêlas | cêping bêdhug êpotnèki | wit satêngah sawêlas bêdhug potira ||

34. Watêkipun apan ta satuhu sinung | warising gaweyan | kang murka-angkara budi | wus dilalah karsaning Hyang kang mangkana ||

35. Sangat Brahim Rijêki rangkêpanipun | cêp bêdhug witira | praptèng andhap êponèki | mancêr surya satêngah catur êpotnya ||

36. Wawatêke rosa ing bubudènipun | myang sinung dalajad | sapantêse gêsangnèki | myang jumbuhing kalawan watêkanira ||

37. Sangat Brahim Kalangan rangkêpanipun | awit wanci andhap | praptèng purnamaning rawi | wit satêngah sakawan sadalu pisan ||

38. Watêkipun sinung dalajad satuhu | tansah kinèdhêpan | marang sasamèng dumadi | ajrih asih ing lair batin rumêksa ||

39. Sangat Yusup Pacak-wêsi tatalipun | purnamaning surya | pêcak salikur potnèki | gathita sad tabuh astha êpotira ||

40. Watêkipun nora sakeca satuhu | gung siniya-siya | tan ana kang wêlas asih | rinèmèhkên marang ing sasama-sama ||

41. Sangat Yusup Rijêki rangkêpanipun | wit salikur pêcak | sawêlas pêcak potnèki | gathitastha satêngah sawlas potira ||

42. Watêkipun sasolah-solahe patut | pan dadi penginan | nora nana kang ngewaniang + ewa + an + i = iri. | sakèh jalma anganggêp dadya tuladha ||

43. Sangat Yusup Kalangan rangkêpanipun | wit pêcak sawêlas | cêping bêdhug êpotnèki | wit satêngah sawêlas bêdhug potira ||

44. Watêk luhur kèdhêp ing parentahipun | tan ana kang malang | miturut sakalir-kalir | tinampanan kalawan sukaning manah ||

45. Sangat Yusup Salamêt rangkêpanipun | cêp bêdhug witira | praptèng andhap êpotnèki | mancêr surya satêngah catur potira ||

46. Watêkipun apan sinung donya agung | myang rijêki kathah | kuwasaning Hyang Linuwih | sanak kadang samya sung

--- 3 : 270 ---

sakuwasanya ||

47. Sangat Yusup Pitutur rangkêpanipun | awit wanci Ngasar | praptèng purnamaning rawi | wit satêngah sakawan sadalu pisan ||

48. Watêkipun sasolahe nora patut | pan anggung cinacad | boya wontên kang nyondhongi | wus dilalah kwasaning Allah Tangala ||

49. Ngijraila Kalangan rangkêpanipun | purnamaning surya | pêcak salikur potnèki | gathita sad tabuh astha êpotira ||

50. Watêkipun kathah rêncana tinêmu | dumadya sandhangan | tinartamtu (m)balenjani | sayogyane siningkirana kewala ||

51. Ngijraila Salamêt rangkêpanipun | wit salikur pêcak | sawêlas pêcak potnèki | gathitastha satêngah sawlas potira ||

52. Watêkipun kangelan barang kinayun | (ng)gayuh-(ng)gayuh tuna | tuna-dungkap ing pambudi | miwah datan antuk sakèh kabêcikan ||

53. Ngijraila rangkêpanira Pitutur | wit pêcak sawêlas | cêping bêdhug êpotnèki | wit satêngah sawêlas bêdhug potira ||

54. Watêkipun datan awon nora sarju | mring sêdêkah karya | tanapi dènsêdêkahi | ing sasami asung makatên kewala ||

55. Ngijrailun Pacak-wêsi tatalipun | cêp bêdhug witira | praptèng Ngasri êpotnèki | mancêr surya satêngah catur êpotnya ||

56. Watêkipun kêncêng tyas (n)darung (m)brêgundung | tan darbe pangeman | nir pamikir têmbe wuri | wus dilalah duga prayoga katilap ||

57. Ngijrailun Rijêki rangkêpanipun | awit wêktu Ngasar | praptèng purnamaning rawi | wit satêngah sakawan sadalu pisan ||

58. Watêkipun ing sabarang tindak-tanduk | tan saranta ing tyas | amrih bilaining janmi | sampun tamat kang tan yoga tambuhana ||

--- 3 : 271 ---

238. Gambuh

1. Kyai Nom lingira rum | sawêg mangkya rakanta pikantuk | pradikane kang winastan Sangat Nabi | mrih gampil pamilihipun | ingkang prayoga linakon ||

2. Tanggal sapisan jumbuh | jam sawêlas nêmbêlas salikur | myang nêmlikur Amat Pitutur madyèki | Yusup Salamêt linuhung | punika tuhu kinaot ||

3. Tanggal ping kalih iku | kalihwêlas pitulas rolikur | pitulikur antuk Jabrail Rijêki | Yusup Kalangan puniku | Amat Slamêt yèn kabutoh ||

4. Tanggal tri myang asthèku | tigawêlas wolulas trilikur | wolulikur Ibrahim Slamêt madyèki | de Yusup Rijêkinipun | saèstu langkung kinaot ||

5. Tanggal ping pat nawèku | kawanwêlas sangalas patlikur | sangalikur Amat Rijêki prayogi | ka-dwi Jabrail Pitutur | Brahim Kalangan kabutoh ||

6. Tanggal lima sapuluh | gangsalwêlas dwidasa salangkung | tigangdasa Jabrail Slamêt utami | Ibarim Rijêkinipun | pan namung madya kemawon ||

7. Punapa sampun dhaup | ngling (n)Jêng Pangran inggih sampun rujuk | hèh Cêbolang panulismu babing Kêris | iku kalamun wus rampung | Sangat sambungna ing kono ||

8. Cêbolang nêmbah matur | nuwun inggih sandika pukulun | nahên sampun wanci Luhur radi akir | Kinom maring pondhokipun | Cêbolang sampun mirantos ||

9. Papan myang mangsinipun | wus sinêrat Kyai Nom kang nuntun | awit siyang tumêkèng ing wanci Mahrib | ing dalunira linêmbur | têngah ratri sampun dados ||

10. ênjang bakdaning Subuh | sêrat katur Pangran sukèng kalbu | ngandika lon kulup yèn panudyèng ati | mêngko bêngi wêton-ingsun | adate kang wus kalakon ||

11. Mancapat kadang karuh | lawan santri gêng alit gumrubyug | padha mrene kalawan eklasing ati | têngah wêngi banjur kêmbul |

--- 3 : 272 ---

kêndhuri minangka sugoh ||

12. (m)Bok iya sira kulup | tarêbangan sung sênênging kalbu | lagu Jawa pirabara dijogèdi | lan ngêtokna sakarêpmu | kang elok-elok tinonton ||

13. Apa pirantinipun | anjaluka ywa nganggo pakewuh | nadyan gawe tarub ingsun amarêngi | Cêbolang nêmbah umatur | nuwun sandika sadhawoh ||

14. Muhung sadêrmi ulun | anglampahi sabda kang dhumawuh | pan katungka Kyai Nom marêg mangarsi | (n)Jêng Pangran mêdharkên kayun | manadukara Kyai Nom ||

15. Amung panyuwunulun | sabibaring parameyanipun | kalilana ulun mantuk mring Mantawis | Cêbolang sarencangipun | (n)dumugèkkên dènnira (n)don ||

16. (n)Jêng Pangran mèsêm muwus | dhuh ki raka karsa kang kadyèku | sakalangkung prayogi rumêksèng wuri | kalèjême sampun dhaup | Cêbolang mundur wotsinom ||

17. Pinanggih santri catur | mêdharakên dhawuhe sang wiku | nulya sami tumandang anambutkardi | damêl tarub dhapur kampung | ngajêng pandhapa tan adoh ||

18. Balungan pring sadarum | payon janur-kuning ijêm sêpuh | saka blandèr ginubêt buntal sinêling | runcèn blarak kêpoh nyamplung | sabên pring sadêdêging wong ||

19. Si bale-kampung kêmput | ingkang wetan sinung èmpèr kêmput | panggènanning Cêbolang lan santrinèki | klapa sajanjang gumandhul | nèng têngahing kampung manggon ||

20. Klapa satabonnipun | ginantung nèng balandar lèr pintu | kidul pintu wetan kilèn samya katri | sadaya sinungan wuluh | tumancêp dumugi bathok ||

21. Tatarub ingkang ngayun | sinung kadi gapura linuhung | rina-rêngga sanginggil katiyu mawi | runcèn jarak abrit pingul | pinindha sastra Rab kaot ||

22. Mungêl wilujêngipun | ingkang samya ningali sadarum | panggarape wisma myang rarênggannèki | wit injang tumêka

--- 3 : 273 ---

bêdhug | paripurna amirantos ||

23. Kang nyambutkarya amung | Mas Cêbolang lan santrinya catur | tan rêkasa sarèh tanduking kang kardi | sakathahing bau dhusun | dhêlêg-dhêlêg nyawang (n)dongong ||

24. Mancapat lima sampun | mirêng warta lamun mangke dalu | wiyosannya Kangjêng Pangran apan mawi | lalangên tarêbang sinung | langên-taya jalu wadon ||

25. Warta tumular kabur | kang atêbih dupi samya ngrungu | dyan umangkat anak rabi dènbêktani | kang kamargèn gugup anut | tumuntur samya yun anon ||

26. Ing wanci waktu luhur | awit dhatêng tan na kêndhatipun | kadi pasar têmawon swaraning jalmi | lagya umiyat ing tarub | erame tan pêdhot-pêdhot ||

27. Mas Cêbolang mangayun | mangênjali matur sampun rampung | panggaraping tarub myang rarênggannèki | utawi isarat-masrut | sadaya sampun mirantos ||

28. (n)Jêng Pangran manthuk-manthuk | kanthèn asta lan Kinom Mantarum | mariksani tarub kang rinêngga asri | sukèng tyas ngandika arum | Cêbolang pamintaningong ||

29. Wong kang padha yun wêruh | aywa nganti cêdhak lawan tarub | lawan aja ana kang munggah pandhapi | tanapi agawe rusuh | lanang wadon aywa awor ||

30. Nuhoni uninipun | salamête kang nonton sadarum | Mas Cêbolang ngawe kanca catur santri | dhawuhkên timbalanipun | (n)Jêng Pangran kang wus kawiyos ||

31. Tumandang santri catur | ngulur lawe wênang ginancêng wus | kawit padon paregolan kanan kering | tumêka satêngahipun | palataran sinung pathok ||

32. Salèring pathok wau | sinung pathok rong dhêpa lêtipun | ginancêngan lawe praptèng kidulnèki | bale wangunan lêtipun | sapta dhêpa sinung pathok ||

33. Lawe wênang ingulur | ngetan ngilèn pantog cêpuri wus | inggilira sawudêl dyan dènbandhuli | cêngkir bluluk miri jêbug |

--- 3 : 274 ---

pinatut pating garendhol ||

34. Nurwitri muwus asru | sanak-sanak èstri lawan jalu | sanak èstri kang kilèn panggènannèki | ingkang wetan sanak jalu | kang sinung ling nulya manggon ||

35. Kang nêmbe dhatêng laju | ingkang jalu mangetan sadarum | èstri ngilèn dene ingkang caos bêkti | myang batih kulawargèku | kang jalu dènnira manggon ||

36. Nèng kiwa têngênnipun | myang ngajênging tarub wangunan gung | ingkang èstri manggèn èmpèring pandhapi | myang lère bale pinatut | jalu èstri timpuh nglesot ||

37. NabênNahên. ta wanci surup | para santri mring masjid gumrubyug | srambi bêntêt balèbèr plataran masjid | (n)Jêng Pangran satamunipun | maring masjid sakaloron ||

38. Cêbolang santri catur | tan na kari samya atut pungkur | praptèng masjid nulya samya toyastuti | minggah maring srambi laju | maos slawat alalagon ||

39. Bêdhug tinêmbang sampun | Mas Cêbolang adan nganyut-anyut | bakda adan sadaya sunat Mahribi | rampung sunat kamat gupuh | ing wêktu tan cinariyos ||

40. Nahan kang ayun (n)dulu | bêntêt manggèn kang wus tinartamtu | nuju panglong pêtênge angliliwati | parandene tan na numbuk | maring gawar katon mêlok ||

41. Sawênèh ana muwus | priye kiye apa ta kaliru | apa wurung ora sida bêngi iki | nanging pasang rakitipun | wèh giris kabèh kang nonton ||