Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

239. Girisa

1. Sigêg ramening wicara | kang samya wêktu wus bakda | (n)Jêng Pangran ngandikanira | hèh Cêbolang dhisikana | lawan papat santrinira | wus paring idi manira | aywa pakewuh ing karsa | pinarêngna ing Hyang Suksma ||

2. Nêmbah mundur Mas Cêbolang | praptèng paregolan sigra | cêngkir kalih kang ginantang | anèng padon kering kanan |

--- 3 : 275 ---

sinulêt byar lir sasangka | sorot nurut lawe wênang | bluluk cêngkir kang ginantang | kaampiran sorot padhang ||

3. Sumunar pindha sudama | kagyat kang samya uninga | lêjar sungkawe§ Prayoginipun / sungkawa /. sirna |Kurang satu suku kata: lêjar sungkawane sirna. alok surak umyung samya | pamuwuse warna-warna | ana gèdhèg tutuk mênga | wênèh nyablèki rowangnya | eram sakèhing kang jalma ||

4. Plataran sawang lir siyang | santri papat lan Cêbolang | lumêbêt mring pambrukutan | Pangran lan Kinom Mantaram | saking masjid wus tumêdhak | pra ngulama pamêthakan | santri miwah kulawarga | kêbut umiring sadaya ||

5. Praptèng jroning paregolan | janjangan têngah wangunan | sadaya wus sinulêdan | murup lir dilah krompolan | sunaring latu manampak | klapa nyamplung miri jarak | sarêng murupnya sumunar | ting palêtik ting palêncar ||

6. Kang wor buntal pindhanira | tranggana katawêng ima | ri kang pinêtha aksara | sumorot mawarna-warna | ijo rêta pita seta | lir oncèn-oncèn sosotya | mungêl asung salamêtnya | kang samya mulat sadaya ||

7. Surak malih sakèh jalma | saya eraming wardaya | barung lawan ungêlira | tarêbang binarung swara | Tokung-tokung gêndhingannya | Kyai Nom dupi miyarsa | angguguk gumuyu suka | Pangran Bayat atatanya ||

8. Ki raka gêndhing punapa | lagune langkung sakeca | yayi gêndhinge punika | Tokung-tokung namanira | wontên bambang saking arga | nanging bambang pikun tuwa | ting kathêmêk suku jaja | bambang parêk lan maotnya ||

9. Pangran dyan lênggah pandhapa | lawan Kinom Ngèksiganda | ngulama wadu wandawa | nèng kering kanan sumewa | para èstri anèng ngarsa | pinilih panggènannira | wus tata sapantha-pantha | nahên ta ingkang winarna ||

10. Kang pinatah langên-taya | Mas Cêbolang buka swara | arum wilêt lantas cêtha | cingak kang samya miyarsa | ri kang sêkar

--- 3 : 276 ---

Madurêtna | salendro pathêt manyura | dhawah ing pada anulya | gêndhing Kuwung-kuwung nulya ||

11. Mangkana kang ayun bêksa | Nurwitri ngrasuk busana | pindha dyah endah kang warna | ing wanci rumajaputra | gêmuh ingkang payudara | pinapantês kang busana | tan ana ingkang kuciwa | liringa galak mrakatya ||

12. Mêdal saking ing guthaka | kadi sirna kinêdhèpnya | ganda rum mananduk grana | praptaning têngah pandhapa | mêndhak mèsêm patrapsila | mêpês nguncupakên asta | horêg kang samya uninga | kinira wadon sanyata ||

13. De pindha apsari swarga | kang myat samya nahên brangta | pangirane warna-warna | apa si nèh runggèng desa | apa ta runggèng nagara | kapan ane (ng)gonne prapta | de tan ana kang uninga | baya nyeluman mas-rara ||

14. Kang apindha Wilutama | nêmbah ngadêg kadi teja | nulya jêjêr lan ambêksa | malêtêr patayanira | wiraga kèh cingkokira | liringe apinda kilat | sung ulat kang samya miyat | mèsêm sumêbar warata ||

15. Gandrung-gandrung kang kataman | nadyan ngulama pêthakan | tangawut ambal-ambalan | kaki-kaki myang somahan | dhudha tanapi jêjaka | ting balêkèr mrih kawuryan | ngadhuh dhèdhèmdhèhèm. sasingsotan | wênèh (n)dongong carocosan ||

16. Ngêmpakakên pangasiyan | karaos lamun kapadhan | manthêlêng mathênthêng mapan | nyuwara tanpa riringa | mêngko yèn uwis bubaran | dak mati yèn tan nganthiya | dhuh-dhuh kalulut manira | ywa ngêmbang pace ni sira ||

17. Kang sami anunggal karsa | ewa mlengos muwus sora | kok apik mung janji mênga | kang liningan sangsayarda | dènnya mêmanas sasama | kang tyas butêngan gya kurdha | cinêpêng gagithokira | tinêkak mèh klêngêr tuwa ||

18. Plikikên pucêt rainya | tumungkul tan sabawa |Kurang satu suku kata: tumungkul tanpa sabawa. kang tumambirang wayahnya | manthuk-manthuk kadi beka | ngêsês mrinding angganira | kadi campuhing asmara | gumlogok wêdaling

--- 3 : 277 ---

rahsa | mrêngèngès nguyuh badhama ||

19. Mak nyok kêmbroh sruwalira | parandene isih beka | manthuk-manthuk sru gambira | kêmêng kapèpèt ing wastra | kaku tyase gya liniga | sêne ngêthuri ngarsanya | misuh badhonge (m)bok dika ||

20. Tan ngêmungkên jalma priya | kang samya kataman brangta | sanadyan para wanita | kasmaran maring kang bêksa | sigêg kang mulat sadaya | nahên ta ingkang winarna | barunganing anung swara | sinawung Mijil sêkarnya ||

240. Mijil

1. Kukuwunge ingkang anêlahi | pramudita kaot | kisma miyat supaya jayane | ing ngalaga tejanira wingit | amurwa mandra di | ing kusuma luhung ||

2. Duhkitèng tyas sri maha narpati | mangarang wirangrong | kaoncatan ing tyas kararase | mentar mèngêt pamêngkuning batin | amung kang kalingling | Insan-kamilipun ||

3. Kawirêjan amung kang kaèsthi | mungkêt driyaningong | tyase kadi tumuntur rasane | sak tar kentar ing dalu umijil | katonton rêsmining | wulannya mawêlu ||

4. Lintang roro angapit rêngganing | sasangka sri tinon | rangu-rangu amirangrong rongèh | miyat ing tranggana moring sasi | ketang ri sang adi | tyasira kumênyut ||

5. Tyasira kadi kentir sumilir | kadya mêsatingong | sumiyut saking ing jro purane | cumalorot pratistha nibani | lor-wetanirèki | saking doh kadulu ||

6. Sirêm-sirêm§ Prayoginipun / surem-surem /. diwangkara riris | arise sumorot | mêrês rarasing wardaya kiye | gêtêr-patêr sru munya mêlingi | sasmitèng wiyadi | aja anggung wuyung ||

7. Aliwêran ingkang kilat thathit | amarwasèng panon | prabawanira wong sru brangtane | adan prapta maruta sumilir | sang brangta muriring | kêkês driyanipun ||

--- 3 : 278 ---

8. Apuyêngan ciptane ing ati | gêtêr tyas sru kepon | kanangsaya§ Prayoginipun / kasangsaya /. ri sang pinarjayèng | rimang kapan baya ingsun iki | anguswa rarasing | puspitanirèku ||

9. Supayane iya ngusadani | larasmaraningong | singa wastra upama rêgane | basa nawala tumanên ugi | suda-a ing ati | laku kang tan sarju ||

10. Darmaita sujana amardi | pangumbaring kawroh | amrih marta ing driya wêkase | kamranira§ Prayoginipun / karmanira / kramanira /. ingkang awawadi | amriha mudhari | tyasira kang punggung ||

11. Bayêm harda tanaya madyaning | Wiratha sang katong | mari antêng brangta wiyogane | apan datan sawatara manis | rêngga satriya di | Lesanpuranipun ||

12. Sêtyanana yèn mariya maring | sira raganingngongraganingong. | tirtamaya marganya ginawe | ninging driya pan datan angalih | namung sira ugi | kang tansah kadulu ||

13. Bayantaka satriya kang adi | pinardikèng katong | mati anglês raganingsun kiye | yèn sira tan palimarmèng dasih | pala rêta satri | ya unggul jayèku ||

14. Sun bang-êbang bisa misesani | ing lair myang batos | sanadyan ana prapta pamane | cobaning tyas pan aja kagimir | dènmantêp ing ati | dènêngkuh§ Prayoginipun / dènpêngkuh /. dènbakuh ||

15. Lalu mangsa panusuling jurit | yèn kasepa babo | ambantoni ing larasmarane | jayèng toya putra Cêmpala di | sapa baya ugi | ngêjum tyasta wuru ||

16. Barat sirat pasewakan adi | jro nayaka katong | wus kapupus ing driya rasane | amung nganti sihira kang asih | made atma pamrih | baea srênggarèku ||Lebih satu suku kata: bae srênggarèku.

17. Kangêningsun mapannora kêni | yèn ririhna ingong | sari seta iya apadene | wong agung ingkang lagya cangkrami | tan kapara ugi | sih manira agung ||

--- 3 : 279 ---

18. Nata dewa kursi lawan sikil | dênta ingkang kaot | amung sira kang dadi paranne | trêsna manira tan kêna ngalih | trusing lair batin | mung mring sira masku ||

19. Iramanya sêsêg sawatawis | tan dangu ngandhêlong | tandya suwuk kang ngabêksa lèngsèr | lumêbêt ing guthaka rinêmit | kang samya ningali | lir tinilar lampus ||

20. Kiyai Nom atatanya ririh | sintên ingkang gambyong | Pangran Bayat mèsêm lon dêlinge | pun Nurwitri kang amindha putri | sintên kang mastani | yèn puniku jalu ||

21. Akalipun Ki Cêbolang mamrih | sukaning kang anon | Kinom (ng)guguk dhasar bocah blatèr | santri mèncul samubarang bangkit | Ki Saloka mijil | kang arsa anjantur ||

22. Saka papat nulya dèn kênthêngi | sadêdêging uwong | lawe wênang tundha tri kênthênge | kukurungan sawung dènbrukuti | pinasang têngahing | saka-guru catur ||

23. Panging klayu dhuwêt langsêp wuni | samya katutan woh | pan sinami saha sapanjange | tinanêm ing bumbung êpring ori | pinêrnahkên mungging | ing papadon catur ||

24. Sawusira sampat amiranti | sanggyaning kang prabot | dupa ratus kumêlun kukuse | gêndhing Pêtung-wulung dènsalahi | slegrêng irêng pêting | wulung godal-gadul ||

25. Ki Saloka nulya angurungi | pêthètan nèng pojok | gantya-gantya wus kawratan kabèh | duk binuka mindhak agêng inggil | wohe samya (n)dadi | ngrêmbaka ngrêmbuyung ||

26. Wangsul maring satêngah pandhapi | sêmbêt langking bagor | linorengan angus kunir (n)jêtte | linêbêtkên mring kurungan aglis | ingubêngan ping tri | matêg Alwasingu ||

27. Dyan binuka mêdal kanang langking | juaranthal malangkrong |Lebih satu suku kata: juranthal malangkrong. nèng wit dhuwêt mamangsa uwohe | ngenak-enak nèng êpang amêthil | kurungan dènambil | Ki Saloka mundur ||

28. Singa§ Prayoginipun / Sima / kados ing gatra pungkasan pada punika. lorèk nèng têngahing panti | tilêm anglêgoronganglênggorong. | lutung miyat (n)jêpiping kupinge | lir likasan solahe anèng wit | mêre

--- 3 : 280 ---

cumalêring | sima kagyat wungu ||

29. Duk umiyat lutung kang nèng uwit | dyan krura mangkorog | udakara agênge sagudèl | gora swara gambira ngajrihi | mangrangsang unggyaning | lutung mlembar gupuh ||

30. Nging tan bangkit amarojol saking | kênthêng lawe kaot | lutung mêre singa§ Prayoginipun / sima /. anggro rame | wit sakawan lir kadrêsan angin | rontog wohe sami | adoh tibanipun ||

31. Kang samya non gègèr amalêncing | rêbut dhucung miyos | gundam-gundam lir kabur solahe | jroning (ng)gêndring èngêt kang angibing | nolèh dupi uning | sima lir kinurung ||

32. Samya wangsul gumarubyug sami | alok kêplok-kêplok | dhuku dhuwêt wuni klayu lèsèh | nèng plataran gupuh angambili | wrata sakèh jalmi | sumyah angalêthus ||

33. Sima sayah mogok kêmpis-kêmpis | lutung nyaut gupoh | suku pungkur tugêl bêt kalihe | kantun suku ngajêng gya lumaris | lincak-lincak maring | sangandhaping lutung ||

34. Nèng wit dhuku mlembar dènwradini | sima kêlong-kêlong | dyan sinaut suku kakalihe | gumalundhung malumah angisis | siyung mangap kadi | guwa kang asirung ||

35. Lutung nèng pang sayah angathêmil | wêweka tan paos | êpang sêmpal si lutung tibane | nèng tutuking sima angingkêmi | bokong suku wuri | ginigit wus rampung ||

36. Tangan lutung kakalih ing ngarsi | nyangkrêm mata karo | singa pêjah lutung kèsèr-kèsèr | sênthuk-sênthuk luhira drês mijil | kang samya ningali | suka wlas kêlangkung ||

37. Sukaning tyas lutung unggul jurit | baima macêthot | wêlas maring lutung de sikile | kari ngarsa kesodan lumaris | napas mêmpis-mêmpis | (m)barêbêl ingkang luh ||

38. Nulya ngamplok marang witing wuni | dumadakan êsol | mring wit dhuwêt nalika pinènèk | dhuwêt rubuh lutung mancolot ring | wit dhuku nguncati | rêbah tandya lutung ||

39. Nèng wit klayu nèng paragak aring | tan na dangu ruboh | andhingini [an...]

--- 3 : 281 ---

[...dhingini] si lutung tibane | kabubuh wit si lutung ngêmasi | rubuh ingkang uwit | nyrèmpèt dilah gantung ||

40. Rêntah siji ambyar têmah bêsmi | wiwitan myang layon | latu ngurêng dadya awu kabèh | rinêsikan wus tan na labêting | sagung kang ningali | gumyah gumun ngungun ||

41. Micarèng tyas aku apa ngimpi | apa wêruh yêktos | yèn ngimpia gene gênah jèngglèh | yèn wêruha lir nèng jro pangimpin | satanginging guling | tan na labêtipun ||

42. Tan wun ucapên kang niningali | panggagasing batos | Pêtung-wulung suwuk samya lèrèn | ngaring-aring tan antara nuli | Rujak-sêntul muni | têrbang kalih duduk ||

241. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Iyêg gumarênggêng jalma kang (n)dudulu | ngayun-ayun kang umijil | sinêsêg gêgêndhingipun | malahanira mranani | Rujak-sêntul dhenok-dhenok ||

2. Ki Saloka mêdal nèng sor dilah gantung | manggul tumbu kêbak isi | ron apa-apa lan tanjung | sri-gadhing mlathi kumuning | sinuntak mring jrambah gupoh ||

3. Ingidêran kaping tri sawusnya kêmput | ginêtak sakèh ron dadi | pêksi mawarna gya mabur | glathik pêking manyar êmprit | têrik baranjangan bondhol ||

4. Kakalangan nèng jro wisma kadi mêndhung | pênuh ngalèbèr mring jawi | angalèmprèh ibêripun | ambyuk marang kang ningali | pêksi dinêkêpan gupoh ||

5. Maratani kang anon sadaya antuk | kanang paksi warni-warni | parandene nora surut | kang anèng jro wisma maksih | kadi mêndhung agumolong ||

6. Ki Saloka ngrogoh gagembolanipun | ron nangka ron kanthil putih | ginêtak kalihe mabur | dadya lap-alap sawiji | kang sawiji pêksi bontot ||

7. Alap-alap ngrampit pêksi kang lir nêndhungmêndhung. | bebas minangsa wus gusis | kantun bontot cucuk-cucuk | anèng jarambahing panti | sinaut lir swiwi bodhol ||

--- 3 : 282 ---

8. Alap-alap krodha nyambêr malih luput | dhawah jarambah wus lalis | angganira anggalêpung | samênir tan ana kari | pêksi bontot colot-colot ||

9. Ki Saloka Nurwitri gya mêdal gupuh | (m)bêkta tumbu anglo kêndhil | solèt silêp kêkêp wadung | bontot cinêpêng wus kenging | pinaragat wadung gacrog ||

10. Binubutan rêsik wulunya kinumpul | têlih mindhol-mindhol isi | pari wulu mênthik arum | sinuntak nèng tangan kering | dadya wos pêthak mancorong ||

11. Pinususan nèng tumbu toya dènêtus | pêksi cinuci barêsih | wulu kang kinarya kayu | mêrgangah lir arêng sambi | ulam pêksi lawan uwos ||

12. Linêbêtkên ing kêndhil tinutup gupuh | Ki Saloka myang Nurwitri | nakir ron pisang kaluthuk | karya rêge agêng alit | tan antara dangu dados ||

13. Latu sirêp liwêt tinumplak mring tumbu | kumêbul angganda gurih | tumusing bras tungtum arum | tumbu bêk ing kêndhil maksih | ulam paksi ting pêrkongkong ||

14. Takir tusan nracak agênge sabêruk | sêkul satumbu winradin | -nakên ing takir sadarum | papak lambe dèntumpangi | siji-siji pêksi bontot ||

15. Ki Nurwitri manêmbah cumadhong dhawuh | (n)Jêng Pangran suka lingnya ris | ing kêndhil bageyaningsun | dene kang wus anèng takir | bagènên mring lanang wadon ||

16. Wus binage kacukup sadayanipun | tirah sinungakên maring | rarya lit-alit kang (n)dulu | (n)Jêng Pangran ngandika malih | lah Bismilah payo kono ||

17. Amangana ya iku sasuguhingsun | kamurahaning Hyang Widdhi | supangate Kangjêng Rasul | barêkahdalêm sang aji | saanane aywa rikoh ||

18. Kang liningan manêmbah samya ngathêkul | kraos nikmat sadayèki | saupa tan ana kantun | ulam tirah dèn-gadhoni | anggajih daging (m)puk mopol ||

--- 3 : 283 ---

19. Lisah gajih anèng takir kêmplung-kêmplung | kimpling-kimpling pindha warih | mawa ganda radi arum | dènuyup tirah sakêdhik | pra samya kinarya wisoh ||

20. Kang nèng kêndhil tinampèn madharan sampun | bale-wangunan wus rêsik | suwuk gêndhing Rujak-sêntul | gumrênggêng swaraning jalmi | gumunne tan winiraos ||

21. Mas Cêbolang lawan santrinira catur | kèndêl samya ngaring-aring | nyambi nyanyamikanipun | Ki Saloka nulya mijil | bêkta awu kang nèng anglo ||

22. Kang saisihsasisih. panti-wangunan tinanggul | awu inggile rong nyari | pananggule wusnya kêmput | mêndhêt upih kang wus isi | ron kangkung lêmbayung jlegor ||

23. Sinêbarkên anèng jrambah kang tinanggul | upih pinarnah nèng pinggir | anglo munggwing têngah munggul | rampunging panatanèki | tarêbang ginêmbyung gupoh ||

24. Buka Nasrun minalahi wa padikun | wa karibun wa basirin | ya Allahu wal mukminun | dhumawah gong dènsêlani | maos salawat gumolong ||

25. Alahuma salingala sayidinu | Mukamad ya Allah mugi | olèha rahmattu |Kurang dua suku kata: olèha rahmattullahu. ing atasing Gusti kami | (n)Jêng Nabi Rasul kinaot ||

26. Jarambahe wisma kang tinanggul awu | byar katon lir pendah rawi | têngahing rawa pupunthuk | bayak ulam warni-warni | baita timbo sawiyos ||

27. wontên jalma kaki-kaki kêmpong pikun | kathok kalèt tatêkên pring | tandya manumpak parahu | kitêr wilah nganan ngering | ulam nglobak amancolot ||

28. Milar bar bêr cumlorot lir jawah awu | dhawah sawijining§ Prayoginipun / sajawining panti /. panti | alok surak kang andulu | rayahan samya mêndhêti | tan cinatur sukaning wong ||

29. Ulam gusis baita kêlêm ing ranu | ki kêmpong pikun ngêlangi | manêngah praptèng pupunthuk | napasira kêmpis-kêmpis | ngathêthêr dhawah (ng)galoso ||

--- 3 : 284 ---

30. Angrakêkêl kadi-kadi ayun lampus | kang samya myat (m)brêbêsmili | dahat wêlas sarwi muwus | mêsakke têmên si kaki | mêngko gèk kabanjur layon ||

31. Mêdal malih pawèstri kêlangkung ayu | candrane lir Prabasini | tumrun saking ing swarga gung | munggwing sasisihing rawi | busana sarwa kinaot ||

32. Lir katoran mêndhêng-mêndhêng riwe mêntul | rarywan satêpining rawi | pasuryan ngusapan sampun | pindha sasangka (n)dhadhari | sumunar katon mancorong ||

33. Sila panggung asta kang kering pinangku | asta kanan anyêpêngi | panasar sarwi tumungkul | kacaryan wêninging warih | gandrung-gandrung kang samya non ||

34. Angacêmong ayu iki karo mau | sandhinge bêngis nambungi | dak ngene rak ayu mau | hus tamatna sing mêcicil | waspadakna digêgojog ||

35. Kang sawiji rêngkêng ngalêm ayu iku | sijine adrêng mastani | ayu kang mêtu karuhun | gumêdêr wawanan angling | purêngên tabok-tinabok ||

36. Ingkang mungging têpining rawi panuju | asung liring pindha thathit | sumèntêg ngênani kalbu | kang udrêg kadi sinapih | cêp mênêng adhêlog-dhêlog ||

37. Sang dyah rara sakeca nèng têpi ranu | nulya ana jalma prapti | bajang kulit (n)jêruk-purut | ulês cêmêng lir minangsi | gundhul untu ngringih katon ||

38. Irung têmpak bathuk banyak kuping pêrut | netra lêkok janggut nyathis | gulu cêndhak pundhak mringkus | gigir wusu bokong nyanthik | nyêkathokan suku pekoh ||

39. Iga mêthèr bèkèl malênthi kang wadhuk | udêl bodong mathênthêng brit | pangucapè grawul-grawul | pêgat-pêgat nora dêling | satuhu ratuning awon ||

40. Kang umiyat mangkorog gagithokipun | bajang pekoh marêpêki | nèng pungkuring sang dyah ayu | muwus manis mêrakati | babo hyang-hyanging paturon ||

--- 3 : 285 ---

41. Sosotya nung ingkang apradapa wungu | baya mirah mulat adi | dak rêmêt dadi sigêndhuk | têka eman anèng riki | nyawa wawi kula pondhong ||

42. Sang dyah nolèh sru kagyat tyasnya kumêpyur | (n)dharodhog uncat lumaris | si Pèkoh tansah tut-pungkur | saparannè tinut-wuri | sayah mlaku (m)brangkang kesot ||

43. Sang dyah nolèh si Pekoh sinabêt sampur | kapisanan anggalinting | kinira kabanjur lampus | sang dyah alon lampahnèki | tan dangu tangi si Pekoh ||

44. Sang dyah ayu dumunung sajroning ranu | dumadya sangêt gung brangti | wayang-wuyungan ing kalbu | winawas datan kaèksi | gandrung-gandrung dhêlog-dhêlog ||

45. Ngunandika yèn dak tututana (n)jêgur | durung karuwan pinanggih | mangka nglangi nora bêcus | jêro bangêt rawa iki | tiwas mati tan kapanggoh ||

46. Dhuh woding tyas dak anti têpining ranu | sokur yèn kapanggih urip | sanadyan nungul wus lampus | nora dadi cuwa mami | dak êntas dak onthoh-onthoh ||

47. Angathêngkruk nèng pinggir rawi gya ngantuk | rarenggotan wus gumuling | ngalekar lir bathang buthung | napas slêkêp kêmpis-kêmpis | ngorok kêrot aWirangrong ||

242. Wirangrong

1. Nahan ta kang nandhang atis | ngaringkêl anèng pupulon | kagyat amiyarsa jumêgur |Kurang satu suku kata: tyas kagyat amiyarsa jumêgur. pungun-pungun linggih | we rawa lir kinucak | katon ana lembak-lembak ||

2. Pawèstri ayu linuwih | kampul-kampul kadi turon | Ki Kêmpong makanjar gya anggêbyur | inggal amurugi | dupi cêlak cinandhak | sinunggi ginawa inggak ||

3. Wus binêkta mêntas maring | pupunthuk kang pindha pulo | sang ayu pinangku dènêlus-êlus | katon durung lalis | mindhak-mindhak sumringah | garing busana tan owah ||

--- 3 : 286 ---

4. Ki Kêmpong ngungun tan sipi | (n)domblêh ilêre narocos | katon sêmunira gandrung-gandrung | pupuji rip-urip | jati-jati waluya | dakpèk garwa sira rara ||

5. Parang jaja kang kapidih | sumêkan katon mancorong | Ki Pikun kasunar (n)jêngêr (n)jêthung | ri sang pindha lalis | jati-jati waluya | netranira rêm-rêm sata ||

6. Uninga nèng pangkonnèki | Kaki Pikun kêmpong perot | giyuh ing wardaya ngadhuh-adhuh | paran awakmami | têka nora kaya-a | karsaning Hyang Maha Nasa ||

7. Lalakone awakmami | nguni yun pinèt wong pekoh | iki têka ana tanganipun | wong wus kaki-kaki | rupane tan mandra-a | sapuluh kinapakêna ||

8. Kawula amung sadarmi | nglakoni karsèng Hyang Manon | pirangbara§ Prayoginipun / pirabara /. benjang mênèk sinung | kamurahan Widdhi | kamulyan suka rêna | ing dunya praptèng dêlahan ||

9. Sang dyah wungu mangênjali | ngraub pada matur alon | dhuh sang sihing dasih sunaningsun | pun patik andasih | sumangga ing sakarsa | Ki Kêmpong dupi miyarsa ||

10. Sukèng tyas nyebong kang lathi | ngadêg nyat ambêkan gamboh | nglètèr angidêri sang rêtna yu | gantya kang winarni | si Pekoh kang anendra | jênggirat tangi uninga ||

11. Sang dyah wus nèng punthuk sarwi | jinogèdan Kaki Kêmpong | tandya krodha mangkrak manabda sru | [...] |Kurang satu baris: 6i. iku rak garwaningwang | kaki age parènèkna ||

12. Kaki Kêmpong eca ngibing | binandhil sela tan anggop | dangu-dangu kêna githokipun | kagyat aningali | ana wong salah rupa | ala raratuning ala ||

13. Kèndêl dènnira angibing | kêkêl kapingkêl kapoyoh | saya asru krodha nyandhak gupuh | mrang sakgêbung sarwi | pinuja mantra dadya | gagaman mawarna-warna ||

14. Waos balandaran tuwin | panurung cebol lan pegon | talêmpak

--- 3 : 287 ---

panacak êcis limpung | tinlorongkên aglis | tibane pindha jawah | sang dyah mire wus ampingan ||

15. Kaki Kêmpong angindhani | kang ngênani putung methot | tan ana tumama Kyai Pikun | akêkêmu warih | sinêmburkên mring mêngsah | mêdal gagaman mawarna ||

16. Dhuwung lamêng pêdhang cundrik | kudhi trantang arit bêndho | lumarap pribadya wus cumundhuk | badan kaèksi |Kurang satu suku kata: kang badan kaèksi. kataman ing gagaman | mangkana kang sami miyat ||

17. Duk sang dyah (ng)gêbyur ing rawi | jalu èstri arawat loh | sawusira gêsang sukèng kalbu | nanging wlas tan sipi | kala Ki Kêmpong (m)bêksa | gumuyu suka sadaya ||

18. Mangkya Kêmpong Pekoh jurit | surak-surak alok-alok | kêmpyanging tarêbang swara umyung | samya dibya sêkti | Ki Bajang kang kataman | gagaman sariranira ||

19. Tan ana sêlanirèki | kinira ajur malopor | kinirigkên ririh samya runtuh | nulya dènuntali | sakèh gagaman têlas | eram ngungun kang umiyat ||

20. Ki Bajang manglung ing rawi | nyêmbur mêtya-pi gumolong | Ki Kêmpong kataman api murub | sarira dadya-pi | dahana ngalad-alad | kumutug toyaning rawa ||

21. Sang dyah ayu kontrang-kantring | toya rawi katon umob | pupunthuking katon latu murub | judhêg asrah Widdhi | e Allah maringana | pitulung mring kawlasarsa ||

22. Sirêp ingkang punang agni | kawarna-a Kaki Kêmpong | mandar salin warna bagus bêsus | busana mantêsi | lir pendah wukir sêkar | (m)baranyak prigêl sarigak ||

23. Ngulati sang dyah pinanggih | pinarpêkan dyan pinondhong | sang dyah tan lênggana sukèng kalbu | magut jurit malih | Ki Bajang wimbuh krodha | kalangkung bêntèring nala ||

24. Solahe anggigirisi | ayun ngrukêt nora injoh | kapalang ing ranu tandya mungkur | nongkrong-nongkrong ngising | gagaman gya lumarap | angênèni mêngsahira ||

--- 3 : 288 ---

25. Ki Bajang atuding-tuding | modar barêng sira mêngko | yèn sira yuwana bêndhètamu(?) | tan wurung bilai | ajur sawalang-walang | nora mikatoni mata ||

26. Sang Bagus alon nauri | tamatna matamu lêkok | gamanmu tumiba kadi kapuk | datan miyatani | sanadyan garwaningwang | malah kêmpling kaya mulat ||

27. Ki Bajang (n)jêtung ananging | mingsêg-mingsêg wacana lon | aku uwis tobat turun pitu | nyuwun pangaksama | nanging kuwi mrènèkna | dadi cihnaning aksama ||

28. Sang Bagus mèsêm lingnya ris | dhuh babo wotding tyasingong | paran karsanira rèh jinaluk | yèn sira pancèn sih | maring si rupa ala | lah babo sira mronoa ||

29. Sang pindha dyah asung liring | dyan tumungkul arawat loh | mlasasih turira dhuh sang Bagus | prasêtya pun patik | gêsang tumêkèng lena | tulusa mangèstupada ||

30. Samêndhang datan (n)darbèni | nalimpang dhumatêng seos | sang Bagus kataman ing sabda rum | lathi dyah kang kadi | manggis karêngat maya | cinucup ingarasan ||

31. Manuara amalat sih | swara arum mawèh lamong | pra dyah kang umiyat anèm sêpuh | miwah prawan akir | kajumbuhan panggagas | ngalêsêt ewah linggihnya ||

32. Ana ngadêg tan nasari | bêtèke kabêlêt nguyoh | têmah ilèn-ilèn sukunipun | malêncing mring jawi | pratisthèng gyan kang kiwa | saya kagagas ing driya ||

33. Satêmah ngacêcêr mrinding | ginagapan wus ambathok | sweda ingkang têngah cinoplok |Mungkin salah menempatkan batas baris, sebaiknya: sweda ingkang têngah cinoplok pluk / tlanakan kapidih, karena baris ini kurang satu suku kata dan harus berakhir bunyi 'u', dan baris berikutnya kelebihan satu suku kata. pluk tlanakan kapidih |Lebih satu suku kata: tlanakan kapidih. sang rahsa tan drana |Kurang satu suku kata: sang rahsa tan darana. mijil saking ing sasana ||

34. Megal-megol wênthat-wênthit | ngêsês mèwèk-mèwèk (n)dhoko | sawusira tuntas napas ngangsur | kang ambathok lilih | astanya wus linêcat | gubras kumut ingusapan ||

35. Wênèh kêjêp netra kalih | badan sakojur kumêjot | nrêthêg (ng)gêgêt waja mêksa (m)brujul | jibêg lawang kori | mupruk karakêt sinjang | pamisahe lon-alonan ||

--- 3 : 289 ---

36. Ana ingkang pringas-pringis | mêlerok netranya karo | tyasnya tarataban riwe kumyus | tan sagêd ngawali | sumêntor wêdalira | (n)jingkat ngadhuh ngêsês sora ||

37. Nyablèk mring kang cakêt linggih | kang cinablèk kapanujon | netra rêm-rêm ayam lêlêt idu | gêgondhange salit | nêdhênge kanikmatan | (n)jumbul angling tobat-tobat ||

38. Mêdhot kênikmatan sirèki | megal-megol tatanya lon | lah ana pa sira gawe gumyur | is-is (m)bok ya uwis | èh-èh padha kawogan | kalihe ngunjal uswasa ||

39. Kang tan sêdya dènsabili | narêthêg githok mangkorog | napase kumrangsang kêdhèp sungsun | mathêm lathinèki | kêjêr akêkerogan | lidhah mele kacêmutan ||

40. Ginggang saking lungguhnèki | dalah sari dhara mêkrok | mundri marawayan badan gumyus | astanira kalih | nèng wingking pindha tuwak | ngulat-ngulèt trog-êntrogan ||

41. Wus lêga cape kang dhiri | bokong ginarayang kêproh | nyunyunggi narayang nyamuk-nyamuk | (n)gligik nabda ririh | mêngko gèk nacah sinjang | tujune untune bogang ||

42. Ngacêproh satêmah risi | (n)gènnya linggih megas-megos | dupi kagaringan lir dènancur | krakêt ngarsa wuri | pambênggange lon-alonan | kraos pêdhês sambat-sambat ||

43. De priya kang aningali | tan pae lawan pra wadon | lamun tan pinêkak jêntus ngayun | kèh krura mawêrdi | satêmah triwikrama | lir taksaka yun mangsa ||

44. Kumêjot kèh kang kawijil | sruning krura tan rinaos | kagyat kang kataman nolèh pungkur | pisuhe (n)dharidhitndharidhil. | ngakak kang pinisuhan | (ng)galêgês minta aksama ||

45. Hus wong kêcul ywa cariwis | caturana dhewe gojog | bêntèke anandhang lir puniku | mila dènnya runtik | glayêm-glayêm kewala | milah rikuh kacipuhan ||

46. Tan wus ucapên ing tulis | panggagase kang samya non | Kinom ing Mataram tatanya rum | lah sintên puniki | Ki Kêmpong dadya nyanthas | èstri ayu tiyang bajang ||

--- 3 : 290 ---

47. (n)Jêng Pangran wacana ririh | ingkang pindha Kaki Kêmpong | punika Nurwitri de dyah ayu | pun Cêbolang yêkti | dene ta ingkang pindha | tiyang bajang pun Saloka ||

48. Angguguk Kinom Mantawis | yayi kula pandung yêktos | tuhu pun Cêbolang bagus mêncul | samubarang wasis | wus dawil ngèlmunira | talênyêking oliya ||

49. Sigêg kang rarasan angling | gantya kang (n)jantur kacriyos | sang rêtna kang tansah rinungrum |Kurang satu suku kata: sang rêtna ingkang tansah rinungrum. nêmbah matur malih | dhuh babo kasirnakna | si lêthêg ratuning ala ||

50. Dhuh woding tyas ywa kuwatir | mungguh sirnane si Pekoh | sang Bagus gya musus astanipun | tan dangu gya mijil | lawa gêng wujud wangwa | ginêtak mamprung saksana ||

51. Tumèmplèk rainirèki | si Bajang kagyat ambêngok | lawa wus cinandhak binanting prus | ajur pulih malih | mêrngangah ngalad-alad | mamprung tan nêdya mundura ||

243. Durma

1. Lawa wangwa anyambêri ngering nganan | cinandhak angendhani | kêbêt suwiwinya | kadi udan dahana | bingung dènnira nyingkiri | ngaub sor blandar | lawa nèmplèk ing gigir ||

2. Kitêr malih mungsêr nèng bale wangunan | lawa tansah nyambêri | kang samya umiyat | surak ambata rêbah | Ki Bajang akontrang-kantring | mêndhêm ing kisma | sarira tan kaèksi ||

3. Lawa sirna manjing ngandhaping pêndhêman | Ki Bajang pongah-pangih | dahat tan kawawa | ngolang-ngaling gya mêdal | si lawa wus tan kaèksi | aring napasnya | suka ngidung ngrêrêpi ||

4. Kagyat (n)jola lawa tumèplêg kawêtnya | mèkèh-mèkèh lumaris | sambat biyang-biyang | mlêtêr ngubêngi rawa | lawa ngudhis-udhis silit | nyangkrêm gantangan | mijêt-mijêt kêmiri ||

5. Datan sakit Ki Bajang datan kuwawa | anggêbyur maring rawi | salulup ing toya | lawa-wangwa wus uncat | kêkêjêr nginggiling warih | sabên Ki Bajang | mênthungul dènencoki ||

--- 3 : 291 ---

6. Kawêkèn tyas datan nêdya mênthungula | lawa-wangwa wus manjing | ing dhasaring rawa | kumukus ponang toya | mawalikan rawa api | mulêg kukusnya | Ki Saloka wus manjing ||

7. Mring guthaka tan nana ingkang uninga | mangkana kang amunggwing | satêngahing rawa | tandya nitih baita | lumban anèng rawa agni | ingkang kaambah | sirêp dumadya siti ||

8. Sakarongron mêntas saking ing baita | rawa tanapi agni | tan nana labêtnya§ Prayoginipun / tabêtnya / tilasipun /. | brêsih ingkang jarambah | trêbang gobyog wus ngêndhoni | ngandhêlong nulya | suwuk dènsalawati ||

9. Alahuma salingala Sayidinna | ya Nabi Mukhamaddin | Nabi ngadadamma | pingil mila salatan | daimatan bi dawammi | mulki la inna | salawat kaping katri ||

10. Samya kèndêl ngaring-aring napasira | minum tanapi nyamik | kang anèng jarambah | sang Bagus lawan sang dyah | misah dènnira alinggih | nata busana | lir onêng wukirsari ||

11. Tandya buka Surung-dhayung gêndhingira | kaliyê (m)bêksa manji | tan ana kuciwa | sanggyane kang uninga | jalu èstri samya brangti | wuyung kasmaran | gandrung-gandrung makingkin ||

12. Angrêrantam mêngko kalamun bubaran | mulih mring pondhoknèki | dak cêgat ing marga | parêng datan parênga | ulun nyuwun lunturing sih | usadèng rimang | ing pamurunging lalis ||

13. Ing sakarsa dasihe nora suwala | nahan mawarni-warni | panggagasing driya | mangkana kang umiyat | manggèn têbih aningali | wuwung wismanyar | kantar-kantar kang agni ||

14. Sangsayarda urubing kanang dahana | sakèh ingkang udani | mundur palarasan | icir nora kasêsa | wong kang miyat sampun nipis | kantun kang pêrak | katungkul aningali ||

15. Kang ambêksa sangsaya asung wigêna | ngangsêg kang niningali | wisma ingkang kobar | anggêrêng agni wrata | jumêthot balungan êpring | wisma pambêksan | apan wus dadya api ||

16. Kagegeran mêdal saking palataran | gusis kang niningali | kang

--- 3 : 292 ---

anèng pandhapa | èstri tanapi priya | kathah ingkang amalêncing | tansah kawangwang | mring kang ambêg§ Prayoginipun / ambêksa /. sang panji ||

17. Wus asirna datan nana labêtira | pulih kadya ing nguni | wanci tabuh tiga | Pangran lan tamunira | kondur maring panti wingking | Cêbolang lawan | santri catur umiring ||

18. Tatalênggah Cêbolang marêg ing ngarsa | Kyai Nom ing Mantawis | mêdharkên sukèng tyas | manêmbah Ki Cêbolang | kawula amung sadarmi | alumaksana | saèstunipun inggih ||

19. Saking barkah dalêm kang pinudyèng ngarga | Têmbayat kang ngrênggani | mèsêm (n)Jêng Pangeran | arum mijiling sabda | hèh Cêbolang rèhning uwis | akasêmbadan | kang dadya karsamami ||

20. Apa ingkang ingsun walêskên ing sira | tan lyan pandongamami | muga Kang Kuwasa | aparinga raharja | sabarang tindakirèki | aywa was-uwas | mapan ana kang kardi ||

21. Kyai Anom Mantaram alon lingira | kulup ingsun ngamini | yayi mangke wêkdal | Subuh kapara awal | bakdaning wêkdal Subêkki§ Prayoginipun / Subêki / = Sub'khi = Subuh. | ulun aliman | mantuk maring Mantawis ||

22. Rèhning nanggêl aluwung natasa pisan | Cêbolang matur aris | dhawuh kang dhumawah | dhumatêng ing patikbra | kalangkung-langkung kapundhi | dados jêjimat | nuwun bilih marêngi ||

23. Mangke ulun nyarêngi raka paduka | sabakdaning Subêkki§ Prayoginipun / Subêki / = Sub'khi = Subuh /. | (n)dumugèkkên sêdya | lawan sarencang amba | (n)Jêng Pangran manthuk lingnya ris | wawêkasingwang | dènkumambang ing Widdhi ||

244. Maskumambang

1. Cinarita palajênge kang ningali | mandhêg manguning tyas | dupi nolih marang wuri | sirêp urubing dahana ||

--- 3 : 293 ---

2. Jalu èstri kang samya kataman wingit | ciptanirèng driya | kapasang yogantuk sêpi | kasambadan ingkang karsa ||

3. Samya wangsul lampahira (n)dingkik-(n)dingkik | supayane aywa | kawanguran ing lyan jalmi | pawadane warna-warna ||

4. Parandene mèh sadaya samya bali | praptèng paregolan | kawuryan wus nyênyêt sêpi | nir labête karameyan ||

5. Tyas kacuwan lon-lonan mantukirèki | kiwa nyangking ulam | tangan têngên nyêpêng pêksi | sinambi araraosan ||

6. Ana ngalêm unine tarêbang kalih | angalêm suwara | angalêm jogèding èstri | angalêm jogèding priya ||

7. Wênèh gumun singa lutung taru pêksi | panutuning bêras | tumêkèng matêng binagi | myang ngungun baita rawa ||

8. Ana ingkang karantan-rantaning ati | (ng)glêgês kaèngêtan | ana kagagas ing ati | ngonggo-unggoonggo. kabasmaran ||

9. Ênêngêna raraosaning kang jalmi | agantya winarna | kang anèng ing dalêm wingking | mangênjali Ki Cêbolang ||

10. Alon matur rumakêt amamalatsih | sasêmbènsasambèn. lênggahan | angêntosi pajar gidib | ulun nyuwun sasêrêpan ||

11. Rèhning nate wicantên dènwicantêni | nadyan dèrèng têrang | suraos pikajêngnèki | têka ing manah narimah ||

12. Nanging èstu dèrèng sumêrêp sayêkti | pinèpètkên (ng)gronjal | wangsulan bandha kadugi | labêt dèrèng (n)tuk pitêdah ||

13. Mênggah têmbung pasèk munapèk myang musrik | majusi maksiyat | gidib lacut murtat kapir | kapir ngindanas ngindalah ||

14. Kupur lalim batal karam mêkruh najis | punika sadaya | amba èstu dèrèng dêling | pukulun paringa barkah ||

15. Sang Pangeran mêdhar sabda lingira ris | kaki kawruhana | mungguh patanyanirèki | kasiling pamanggihingwang ||

16. Têmbung pasèk têgêse wong kang (n)darbèni | tyas maido marang | kabèh parentahirèki | sarak Nabi kang minulya ||

17. Kadi kaum ingkang nora anêtêpi | ing kwajibanira | utawa jalma kang uning | sarak Nabi tan linakyan ||

--- 3 : 294 ---

18. Dene têmbung munapèk têgêsirèki | wong kang wus winarah | kabèh parlu sunat wajib | miwah mêkruh batal karam ||

19. Wus asanggêm têmên kaduga nglakoni | wasana ing wuntat | tan pisan-pisan nglakoni | ngorakkên parentahing Hyang ||

20. Basa musrik jalma kang maido yêkti | têmên ana Allah | namung kudu mituruti | kakêncênganing tyas dhawak ||

21. Banjur gawe Allah sasênêngirèki | dene warnanira | kang inganggêp Maha Sukci | mawujud sadhengah-dhengah ||

22. Sarta nora manut timbalaning Widdhi | ngorakkên Pangeran | surasane basa musrik | kang wus sinirik ing sarak ||

23. Lire ingkang basa majusi puniki | wujud jalma kopar | kang wus gêlêm anglakoni | agama Islam minulya ||

24. Nanging misih darbe tyas kang nyulayani | marang sarak ika | gawe-gawe pialaning | kang tinartamtu prayoga ||

25. Maksiyattu têgêse sakèh pakarti | tatakalairan | lawan ing patinirèki | kang tan winênangkên sarak ||

26. Lah yaiku anggawe druhaka yêkti | aywa pisan-pisan | ngaurip nganti nglakoni | karêm mring sakèhing cêgah ||

27. Basa gidib samubarang kang tan yêkti | ing wicaranira | ngamandaka ujar lamis | agoroh bèngès tan papan ||

28. Têmbung lacut têgêse jalma kang uwis | nora babarpisan | nglakoni panggawe bêcik | basane wus langkah jidhar ||

29. Têmbung murtat têgêse punika jalmi | wani-wani ninggal | saka agamanirèki | Islam iku murtat rannya ||

30. Basa kapir têgêsipun kanang jalmi | kang tan purun ika | anglakoni ing agami | kang pakolèh maring sarak ||

31. Têmbung kapir ngindhanas têgêsirèki | nglakoni agama | nanging lyaning sarak Nabi | tan pakolèh mungguh jalma ||

32. Dene kapir ngindalah kapir kang asli | nglakoni sarengat | nanging tyas tan madhêp maring | ing Allahu wa Tangala ||

33. Basa kupur jalma kang tan purun yêkti | mulyakkên sanggyannya | Kur'an Kitab para Nabi | iya katunan rahsanya ||

--- 3 : 295 ---

34. Basa lalim wong kasasar tekatnèki | nora pisan-pisan | darbe kaèngêtan bêcik | iku lalim lungguhira ||

35. Têmbung batal pan nora bisa lêstari | apa kang kinarsan | ing saparlunya tan dadi | kudu bali winiwitan ||

36. Lire basa karam sakèhing pakarti | lair batin ingkang | wus winalêr ora kenging | inganggo miwah tinêdha ||

37. Kumawani nrajang nir tingadurnèkitangadurnèki. | labête kalingan | dadya kalêbu ing ati | iku karam kukumira ||

38. Basa mêkruh têgêse barang pakarti | kang narajang sarak | nanging amung cilik tipis | iku mêkruh arannira ||

39. Basa najis rêrêgêt sukêr sakalir | jiji sasaminya | ingkang nora angrêsêpi | iku pan najis sadaya ||

40. Mas Cêbolang lêga tyase mangênjali | sru pamundhiamba | sabda jati kang kawijil | kajawi saking punika ||

41. Jroning wulan Ramêlan kala marêngi | malêm salikurnya | trilikur salawe tuwin | pitu sangalikur samya ||

42. Apan mawi kêndhuri-malêman inggih | dumugining bakda | kêndhuri riaya nami | myang wardining Lêtulkadar ||

43. Atanapi siyam Bêsar kalih ari | tanggal astha nawa | sadasa bakdanirèki | paran gatining kang karsa ||

44. Pangran Bayat mèsêm angandika aris | sasurupaningwang | nalika Kang Maha Sukci | paring nugrahèng Pangeran ||

45. Mring (n)Jêng Nabi Mukhamad ingkang sinêlir | iya iku Kur'an | malêm slikur wiwitnèki | nêm jus tumuruning Kur'an ||

46. Têlulikur tumurun ênêm jus tuwin | salawe jus rasa | pitulikur nêm jus nuli | sangalikur nêm jus purna ||

47. Dadi rambah ping lima tumurunnèki | nêm sarambahannya | wus jangkêp tridasa jusi | kalamolah nama Kur'an ||

48. Kêndhuri malêman ujube sami |Kurang satu suku kata: kêndhuri malêman ing ujube sami. angaturi dhahar | Kanjêng Nabi MahkhamadinMuhkhamadin. | myang mulyakkên kalamolah ||

49. Laelatulkadri wardinipun ari | wêngi kang utama | panggonaning anampani | kabêgjan saking Pangeran ||

--- 3 : 296 ---

50. Warni wujud kang saèstu nora mêsthi | tibaning kabêgjan | ana etung kang pinasthi | wussing tridasa Ramêlan ||

51. Ariadi garêbêg Puwasa nênggih | dina kang minulya | mustajab apa kang dadi | panyuwunipun kawula ||

52. Maring Allah ingkang sipat murah asih | pramilanya samya | ngabêkti pra luhur tuwin | sasalaman mring sasama ||

53. Dene pitrah manjing jakating kang dhiri | dènnira dumadya | makluking Hyang Maha Sukci | mula kudu linampahan ||

54. Pasa Bêsar kang saari ngarêp pati(?) | kapindho tarwiyah | kaping tri grêbêg nahari | padha lan riadi Pasa ||

55. Mula kinèn padha pasa kalih ari | awit tan kuwasa | wulan iku munggah khaji | mring Mêkah Masjidilkaram ||

56. Ingkang padha nglakoni ganjarannèki | cinarita padha | lawan ingkang munggah khaji | nanging iku klêbu sunat ||

57. Ari Nakhar apan winênangkên yêkti | anyambêlèh kurban | wêdhus utawane sapi | ngamal salèh anjingira ||

58. Yèn tan bisa kurban nêtêpi Nakhari | dina tasrèk ika | kalih dalu kalih ratri | saka ari nakbarnakhar. ika ||

59. Isih kêna asidhêkah karobanni | ing garêbêg Pasa | lawan garêbêg Bêsar-i | surasane apan padha ||

60. Ri kang mulya mustajab apa kang dadi | manyuwunningpanyuwuning. umat | amung iku kawruhmami | iki wus sêdhênge wêkdal ||

61. Aluwaran samya ngambil toyastuti | Ki Nurwitri adan | Mas Cêbolang angamati | arahab kang sami wêkdal ||

245. Salisir

1. Salisir bakda Subêkki§ Prayoginipun / Subêki /. | ing wanci saputing siti | Kinom pamit mring sang yogi | yayi kantuna basuki ||

2. Ki Cêbolang mangênjali | kalilana anyarêngi | raka paduka (n)Jêng kyai | Pangran Têmbayat nganthuki ||

--- 3 : 297 ---

3. Kinom wussing sasalaman | lampahnya alon-alonan | Cêbolang ngaras dlamakan | miwah santrinya sakawan ||

4. Wus lèngsèr saking ing ngarsa | nèng (n)jawi regol ingantya | sasarêngan lampahira | dupi praptanirèng marga ||

5. Ingkang dumugi ing praja | Kinom alon angandika | lah kulup bage raharja | muhung pangèstumanira ||

6. Cêbolang sasantrinira | manêmbah nuwun aturnya | sasowangan lampahira | sigêg kang wangsul mring praja ||

7. Nahên ta ingkang winarna | Mas Cêbolang lampahira | tan ana kang sinangsaya | yèn dalu rêrêp nèng desa ||

8. Wanci suruping Hyang Arka | tan na dhusun kawistara | sangêt rapuhing sarira | kèndêl anèng ngara-ara ||

9. Nuju panglong ingkang candra | abyor ingkang taranggana | sumunar ing ngantariksa | angrênggani jumantara ||

10. Nulya ana kawistara | katingal saking mandrawa | sumilak amawa cahya | manthêr wêning tejanira ||

11. Cêbolang alon lingira | kae padha tingalana | kang mancorong mawa teja | wangune cêlak kewala ||

12. Kang sinung ling aturira | lêrês ingkang pangandika | ulun katêmbèn uninga | wawarnèn ingkang kadyeka ||

13. Lah ta payo pinaranan | tandya mahawan lon-lonan | labête taksih katoran | wus prapta kang pinurugan ||

14. Tan ana kang kawistara | apan namung siti mluwa | kang sumunar mawa cahya | tan dangu nir kang ujwala ||

15. Kantun sunaring sudama | judhêg ing panggagasira | nulya na jalma sajuga | priya wrêdha suku jaja ||

16. Murugi panggemannirapanggenanira. | ingkang samya rêrêp sarya | uluksalam kang miyarsa | nolèh mangsuli salamnya ||

17. Anjawat tangan sadaya | ki wrêdha asung pambagya | ingkang katêmbèn kapanggya | pun kaki anilakrama ||

18. Ing wingking pundi pinangka | paran ta ingkang sinêdya | sintên sinambating nama | Cêbolang (n)dhêku turira ||

--- 3 : 298 ---

19. Ulun saking tanah manca | ing Kêdhu santri walaka | pun Cêbolang namakula | rincangrencang. sakawan punika ||

20. Pun Nurwitri pun Saloka | Palakarti Kartipala | sêdya yun mring Pranaraga | talabul agami mulya ||

21. Sarèhning pêkir sadaya | dadya anggung kasangsaya | mlampah sinambi ngupaya | boga mrih kiyating angga ||

22. Kula gêntos nilakrama | ingkang sinambating nama | tuwin ing ngriki punika | wana ing pundi wastanya ||

23. Karya eraming wardaya | siti têka mawa cahya | kawuryan saking mandrawa | ulunparêki gya sirna ||

24. Ki wrêdha mèsêm lingira | ing riki ran Wanakarta | ranulun karaning wana | inggih Kaki Wanakarta ||

25. Ki bagus bilih sêmbada | mung tinimbang nèng ra-ara | wawi mampir sudhungkula | mangke ulun sung carita ||

26. Cêbolang matur sumangga | sadaya (n)dhèrèk sakarsa | Ki Wana lumakyèng ngarsa | sadaya anèng wurinya ||

27. Sapraptinira ing wisma | ingancaran mring pandhapa | nèng salu nginggil mirantya | glaran alus myang lêmpirnya ||

28. Ki Wanakarta lingira | nyai nyai marenea | wus mêdal saking ing wisma | nèng salu cakêt lakinya ||

29. Nyai aku nêmu tamu | ki mau lagi panuju | nèng têngah wana (n)dêdulu | kang sumorot kadi daru ||

30. Banjur dakajak marene | anggêpên nak-putu dhewe | Cêbolang iku namane | kang papat padha rowange ||

31. Nyi wisma asung pambage | wus mangsuli sadayane | nyi wisma wangsul wisma ge | wangsul (m)bêkta sugatane ||

32. Wedang jae lêgèn arèn | gêmblong bêntul lêmpok durèn | sêkul jagung canthèl jèpèn | sambêl windu bubuk wijèn ||

33. Ayêm atine mênjangan | gêndhon panjalin garangan | age tawon sinapitan | tigan ayam kakamalan ||

34. Rampunging panatanira | ingancaran lah sumangga | sêgahe tyang wontên wana | anggrah-anggrah tan mirasa ||

--- 3 : 299 ---

35. Muhung lumayan kinarya | rêrêming kalantih samya | tanggap kang sinungan sabda | adan nadhah sasênêngnya ||

36. Apan tan sarêng kewala | sadaya raos mirasa | nikmat munpangat ing angga | wus dumugi panadhahnya ||

37. Mas Cêbolang sung sasmita | marang Palakartipala | kadi batèh kalihira | nyi wisma suka lingira ||

38. Pantèn bangêt dak-tarima | salugune nora darbya | babatèh saka sajuga | kang kothong kae undurna ||

39. Bikut Palakartipala | wus binêkta maring wisma | nyai mundur nata kêba | isi klobot kawung sata ||

40. Lawan tapsirih mirantya | mêwahi nyamikanira | binêkta marang pandhapa | tanggap para tamunira ||

41. Wus samya udut myang mucang | alon matur Mas Cêbolang | kiyai datanpa rencang | nèng wana mung sakaliyan ||

42. Mangsuli Ki Wanakarta | pantèn ulun kala mudha | wismèng nagri Ngèksiganda | mitranya Ki Pujangkara ||

43. Akathah ing wulangira | aji èsmu tuwin jaya | padhukunan myang jampinya | dilalah kabul sadaya ||

44. Dalu tanapi raina | kathah ingkang sami prapta | lami-lami saya harda | tan kobêr ngising basanya ||

45. Lami-lami mindhak sêpuh | èstune badan krêp rapuh | yèn tan tumindaka ewuh | damêl cuwa kadang karuh ||

46. lajêng rêmbagan lan nyai | ayo mentar saking nagri | ngupaya têntrêming ati | bêcik mahas ing ngasêpi ||

47. Ki Pujangkara nyondhongi | kinèn dhadhêkah nèng ngriki | parandene sanak nagri | jalu atanapi èstri ||

48. Kathah kang samya (n)dhatêngi | minta jampi dhatêng nyai | tuwin tatanya mring kami | wirasatipun pawèstri ||

49. Kang ayun kinarya rabi | mêndhêt ing wêdalannèki | pasaran kalawan ari | myang warni-warni Kinanthi ||

--- 3 : 300 ---

246. Kinanthi

1. Nurwitri megos mangayun | tatanya ririh mrakati | dhuh kyai panuwunkula | mugi (n)dhangankên panggalih | kaparêng paring sêrêpan | mênggah wirasating jalmi ||

2. Piridan wêdalan wau | rèhning ulun dèrèng rabi | têmbe yèn wus darbe kajat | ngupados ingkang prayogi | bilih kaslêpêging karsa | tyas narimah wus nyêrêpi ||

3. Ki Wanakarta lingnya rum | thole pamintanirèki | iku kalangkung prayoga | wong anom nêtêpi wajib | kang awrêda sung barêkah | sakadare mrih prayogi ||

4. Ana dhawuhing Hyang Agung | mring musanip kinèn nganggit | wirasatirèng manungsa | krana wong lanang puniki | labête kênèng ganjaran | saka baturing pawèstri ||

5. Manungsa wirasatipun | mêtu saking wêtonnèki | yèn Jumngah Pon wêtonnira | tan sabar kaku kang budi | sru wani maring wong tuwa | lan nora sinungan sugih ||

6. Jumngah Wage wêtonnipun | yèn bêcik luwih utaniutami. | yèn ala ngluwihi ala | granyah nging micarèng ngèlmi | adhêmên panggawe ngiwa | tan ajêg pikirirèki ||

7. Yèn maksih anyar anggunggung | yèn wus lawas dènalani | Jumngah Wage pan têrkadhang | sandhungane larang siwi | nanging sok sinungan donya | jinurung rijêki eblis ||

8. Jumungah Kliwon puniku | pantês yèn kinarya rabi | pêpikiran rada lumrah | mring wong tuwa asring bêkti | nging rada wani wong lanang | jinurung sugih rijêki ||

9. Têka pati marang kakung | amituhu pituturing | maratuwa kang prayoga | lawan bêtah asêsirih | sandhungane wong puniki | padonne ambuntut-arit ||

10. Jumngah Lêgi wêtonnipun | kang pasthi laki ping kalih | pipikiran tan antêpan | kêncêng ngarêp kêndho (m)buri | lan takdirira Hyang Sukma | kudu laki kaping kalih ||

11. Kang tan kapanggih ing laku | pangiwane sok andadi | anging karsaning Hyang Suksma | lan lakine pêgat mati | yèn ala

--- 3 : 301 ---

ngluwihi ala | yèn bêcik luwih utami ||

12. Jumngah Paing wêtonnipun | imul watake ngaruwit | saenan nora prasaja | kêlire akarya bêcik | ing lair têmah isinan | dadya imul tan katawis ||

13. Arang kang mlêmpêng puniku | kang wus kalêbu ing tulis | iku padha apilêna | nging kanthi kalawan takdir | yèn wus pinasthi jodhonya | cumadhong karsa Hyang Widdhi ||

14. Yèn Sabtu Pon wêtonnipun | watêke anyudagari | sabarang kang dipunrêmbag | etunge kudu (n)tuk bathi | antuk sih kalawan priya | padune jantra lumaris ||

15. Lumuhan ing lairipun | kabrabeyan jroning ati | mamah marang bapa biyung | mring kakung tan nganggo wêdi | dhat-nyêng yèn karo wong lanang | wani lan wêdi kèh wani ||

16. Wêton Saptu Wage iku | watêke sok lêpas budi | tur rada jrih sihing priya | sumingkir karya kang juti | sandhungane sok asusah | lan kêrêp pêtêngan ati ||

17. Saptu Kaliwon puniku | lumuhan sabarang kardi | lan tampan nora prasaja | mring lakine datan wêdi | Sêtu Kliwon watêkira | rada jail ambêsiwit ||

18. Saptu Lêgi wêtonnipun | kakonatèn sarta bêngis | mamah maring bapa biyung | nanging rijêkine mintir | lan sinung awig wong ika | sandhungane larang siwi ||

19. Saptu Paing wêtonnipun | yèn bêcik luwih utami | karêm marang ing ngèlmu kak | ananging sapuluh siji | ingkang pasthi watakira | ingkang wêton Saptu Paing ||

20. Lumuhan nging dhêmên padu | nora sabar nanging bêngis | lawan anyudakkên drajat | adat mring laki sru wani | tan trima laki sapisan | pasthi kudu kaping kalih ||

21. Têrkadhang laki ping têlu | yèn tan mangkono kang pasthi | kang lulus krama sapisan | rada karêm marang ngèlmi | nging takdirira Hyang Suksma | lan lakine pêgat mati ||

22. Wus ganêp wirasat Saptu | gantya malih kang winarni | kaki padha angèstokna | kang wus kalêbu ing tulis | kang wêton Akat

--- 3 : 302 ---

punika | ingkang dhihin Akat Paing ||

23. Kakonatèn watêkipun | padune ambuntut-arit | jalukan nora weweyan | nanging sangêt angikibi | dhêmên nglong lumuh kelangan | bèr bujakrama ing lair ||

24. Nanging karsane Hyang Agung | rijêkine sinung mintir | amung nora duwe basa | dilalah drajate inggil | krana Akat Paing ika | nahase Hyang Odipati ||

25. Duk asalira kasiku | dènnira Hyang Maha Tinggi | ing dina Akat Paingnya | yèn nora ibu ya rami | wêton Akat Pon punika | bêngis lawan kakuati ||

26. Bêkti laki watêkipun | sabarang watak satiti | lan bisa momong sudara | Akat Pon watêke bêcik | adate têka mlaratan | rada bêgjane sathithik ||

27. Wêton Akat wage iku | rêsikan sabarang kardi | sumingkir karya kang ala | kalawan bêkti ing laki | yèn dêdana nora prênah | rada bêgjane sathithik ||

28. Wêton Akat Kliwon iku | lumuhan sabarang kardi | drêngki imul tanpa prênah | satêmah kaku ing budi | dhêmên panggawe mangiwa | adoh bêgjane sathithik ||

29. Wêton Akat Lêgi iku | watêke sok lêpas budi | lawan mantêp nging lumuhan | candrane rabiya malih | gêdhe bêgjane wong ika | ngunggahkên drajating laki ||

30. Akat wirasate sampun | pilihên salah sawiji | lamun ana ingkang nimpang | saka ing wirasat iki | iku ganjararingganjaraning. Suksma | wijile sapuluh siji ||

247. Mijil

1. Wite bêcik dadine ajuti | kang mêtu Sênèn Pon | pan wus pasthi amindho lakine | datan trima sapisan yèn laki | kudu ngaping kalih | tan cidra puniku ||

2. Lamun pinèt iriban sathithik | lanang tuwin wadon | suwe-suwe tan nana bedane | iya lanang iya ta pawèstri | dangu-dangu sami | ya wirasatipun ||

--- 3 : 303 ---

3. Sênèn Wage bêgjane sathithik | imbuh lantap dhoso | nanging bisa momong wong tuwane | rada bêkti nglaki sawatawis | nging sandhunganèki | rada dhêmên padu ||

4. Jêmbar budi tunggali kakalih | de kang Sênèn Kliwon | doyan mangan drêmba imul saèn | rada kabluk sarta ambêsiwit | kawirangan mintir | wêdi marang kakung ||

5. Dene ingkang mêtu Sênèn Lêgi | lêmês têka dhoso | kêbrangasan arosa budine | nora sukak kumpulan sasami | kudu angungkuli | barang kudu punjul ||

6. Rama ibu yèn luput tan wani | yèn bênêr ambêkos | lamun krama wêdi ing lakine | pan jinurung bêgjane sathithik | nanging tunggak-sêmi | padon kêndho pungkur ||

7. Dene ingkang wêton Sênèn Paing | padone angganthol | lêmês luwês sugihan watêke | lan keringan carobo ing bêcik | nanging Sênèn Paing | krêp pêtêngan kalbu ||

8. Dina Sênèn wus têlas tiniti | dèneling sutèng-ngong | Salasa Pon kang winuwus manèh | yèn wanodya rada bêkti nglaki | sandhungane mintir | lilan cangkêm karut ||

9. Sinung awit tur pikire bêcik | miturut sapakon | tur angêmbang cêpaka watêke | lamun kakung wêdi marang èstri | yèn gung bêgjanèki | sandhungan tan tutug ||

10. Slasa Wage wirasatirèki | antuk sihing uwong | kadya wuni iku upamane | yèn andulu warnane kang wuni | ithêng pan sêmu brit | pinangan (n)jêngkêrut ||

11. Kèh kapencut miyrsa dera ngling |Kurang satu suku kata: Kèh kapencut miyarsa dera ngling. wruh sarane mlengos | mring lakine sathithik wêdine | sugih prentah bojane tan mintir | lantap bêngis nanging | nora pintêr padu ||

12. Ati gêdhe bêgjane sathithik | awit saka dhoso | dhêmên ngiwa wong iku watêke | sandhungane kêrusakan pikir | rada murka kêdhik | padon kêndho pungkur ||

13. Têrkadhangan sok alarang siwi | de Salasa Kliwon | pan wus takdir Hyang Suksma karsane | kudu-kudu laki kaping kalih | kang tan ngaping kalih | nuli pêgat lampus ||

--- 3 : 304 ---

14. Patrap sarèh dhoso jroning ati | sabare kang katon | adrêng darung yèn ana karsane | bêkti laki wiwah rama wibi | wasis acariwis | wêkêl karyanipun ||

15. Dene ingkang mêtu Slasa Lêgi | pikire lir botoh | apan jêmbar budine wong kuwe | kabrangasan kawirangan mintir | tur bêgjane kêdhik | lumrah mring sadulur ||

16. Dene ingkang mêtu Slasa Paing | watak bêngis dhoso | sok sugiyan wong iku watêke | reka blaba tur têmêne cêthil | kawirangan mintir | rada dhêmên padu ||

17. Dina Salasa titinya Paing | gantya dina Rêbo | yèn Rêbo Pon krêp pêtêngan atèn | juwèh mênêng nora duwe uni | lamun arsa muni | lir gêlap kasandhung ||

18. Sandhungane sok alarang siwi | yèn tumandang dhoso | yèn ta rama ibu nora darbe | pan jinurung rijêkine mintir | padon (m)buntut-arit | tan wruh ing sadulur ||

19. Rêbo Wage wawatêke bêcik | nanging laki pindho | pan keringan sapadha-padhane | crobo nanging rada bêkti laki | alila mring bukti | barang cangkêm karut ||

20. Mung padone sok ambuntut-arit | dene Rêbo Kliwon | doyan mangan drêmba imul salin | lantap bêngis kawirangan mintir | lumuh barang kardi | Sinome sinantun ||

248. Sinom

1. Kunêng wau winuwusa | wirasate Rêbo Lêgi | kakonatèn nombok wirang | mung pikire gêdhag-gêdhig | rosa tandangirèki | kurangajar sok (m)bêrgundung | tan kêna dènampaha | watêg wêton Rêbo Lêgi | lamun bêcik ya bêcik lamun ala ya ala ||Lebih satu suku kata: lamun bêcik ya bêcik lamun ala ala.

2. Padone jantra lumakya | wani wus tan wêdi rai | lakune akèh mangiwa | dene wêton Rêbo Paing | lumuhan barang kardi | drêngki marang ing sadulur | saenan dhêmên ngiwa | isinan lan sugih kêlir | Rêbo titi sami dipunèstokkêna ||dipun èstokkêna.

3. Kêmis Pon watake ala | lumuhan sabarang kardi | drêngki

--- 3 : 305 ---

kalawan sudara | watêke tan kanggo laki | jinurung marang ngeblis | sandhangane§ Prayoginipun / sandhungane /. dadya imul | saèn nora prasaja | dhêmên ngiwa wong puniki | bisa sugih nanging nora bisa lawas ||

4. Kêmis Wage watêkira | têrkadhang laki ping kalih | yèn nora mindho lakinya | iku kang ngluwihi bêcik | yèn laki kang kaping kalih | tan wurung rusak ngêlantur | pasthi wurung dandanan | yèn sapisan banjur dadi | iku pasthi kêna ginawe sêbutan ||

5. Lamun bêcik wong punika | nanging mring kakung awani | lan wong tuwa iya lantap | nging rosa budinirèki | sabarang pintêr dadi | barang kang cinandhak rampung | sandhungane wong ngika | padone kêndho ing wuri | gêlêm ngiwa Kêmis Kliwon wite ala ||

6. Sok balaba nging isinan | dhêmên nyêngkolong wuwusing | nadyan dènujar-ujara | yèn sapisan kaping kalih | nora gêlêm mangsuli | misih ngalah (n)dhêku-dhêku | ping tiga ping sakawan | misih dènujar-ujari | lamun gêlêm nora kêna dènampaha ||

7. Lawan apilan wong ika | sabarang ingkang kaèksi | yèn wis wruh pan nuli bisa | watêk karêm marang ngèlmi | dene ta Kêmis Lêgi | buta-arêpan wong iku | lan gêdhe melikira | sabarang watêk ngaruwil | lan maninge lakune akèh angiwa ||

8. Padone akèh sing nakal | dene wêton Kêmis Paing | drêngki imul tanpa prênah | pintêr kadhang larang siwi | ananging bêkti nglaki | bêtah ngaluwe wong iku | wit tan duwe pakaryan | gêlêm nglakoni kang nisthip | Kêmis titi sami dènupamakêna ||

9. Sakèh darbe wêton ika | tuwin kang amaca sami | utawi ingkang miyarsa | aja na kang kurang pikir | kang antuk pêthèk bêcik | ywa bungah lamun binagus | iku têmbung loncongan | ingkang antuk pêthèk jati | aja duwe lara ati siningkirna ||

10. Ingkang wani gêlêm ngiwa | dipun pikira kang yêkti | têtêmbungan gêlêm ngiwa | iku akèh lirirèki | angiwa nora siji |

--- 3 : 306 ---

mung yèn jina bae luput | mapan tan warna-warna | marmane dipunmangêrti | wasamono iku duwèke wong ngêdham ||

11. Lamun ana ingkang nimpang | saka ing wirasat iki | aja age-age duka | ya marang para musanip | dènkawruhana dhingin | kang nimpang wirasatipun | ganjaraning Hyang Suksma | pra musanip amung darmi | witing ngripta saking karsaning Hyang Suksma ||

12. Ki Nurwitri sru karênan | umatur langkung kapundhi | botên mring èstri kewala | dhatêng jalêr narambahi | pangèstunta kang mugi | angèngêtana sadarum | myang suraosing wirasat |Lebih satu suku kata: myang sraosing wirasat. kang awon myang kang prayogi | kiyai ngling iya thole dènwaspada ||

13. wontên malih ulun myarsa | mênggah tingkahe akardi | sumur tuwin pêrnahira | mawi ngupadosi ari | myang pêrnah kang prayogi | Ki Wanakarta lingnya rum | utamane ya mawa | etung dina kang prayogi | lan pêrnahe beda-beda angsarira ||

14. Pêrlune ngupaya dina | supaya wêtuning warih | bisa agung drês êtuknya | dene prênahe trêpnèki | watêg myang angsar milih | ingkang prayoga puniku | etungan ari apan | saka wuku kang lumaris | amiliha Wuku Landêp nuju dina ||

15. Sênèn Kliwon myang Salasa | Lêgi Kêmis Pon prayogi | Wukir ri Sênèn Paingnya | Warigalit Slasa Lêgi | Waragang-gung§ Prayoginipun / Warigagung /. marêngi | ri Rêbo Wage panuju | Bala ri Kêmis Wagya | Wugu ri Jumuwah Paing | salah siji êndi kang kinarsakêna ||

16. Dene prênahe winarna | yèn lor bênêr êtrêpnèki | kinarya adus wong lara | lèr wetan padusan mayit | wetan bênêr basuki | yèn kidul-wetan trapipun | antuk rijêki karam | ingkang kidul bênêr trêpnèki |Lebih satu suku kata: kang kidul bênêr trêpnèki. pan kinarya adus prihatin sungkawa ||

17. Yèn kidul-kulon trêpira | rijêki kalal (n)dhatêngi | kulon bênêr lwih prayoga | padusan pangantèn yêkti | lor-kulon amungkasi | padusan kalaran tuhu | pilihane etungan | kang wis kalakon prayogi | Insa Allah datan nana sangsayanya ||

18. Nurwitri nuwun aturnya | Mas Cêbolang matur aris | mênggah

--- 3 : 307 ---

cahya kang katingal | saking mandrawa nêlahi | sarêng ulun-purugi | tan pantara dangu surut | paranta wahananya | kiyai bilih marêngi | kawêdharna kang dadya darunanira ||

19. Ki Wanakarta duk miyarsa |Lebih satu suku kata: Ki Wanakarta duk myarsa. ririh dènnira mangsuli | duk ulun maksih nèng praja | ginêm-raos lan kiyai | Pujangkara amisik | bilih ing praja Mantarum | amirit saking jangka | kantun kalih dêgan aji | tandya pindhah mangetan sakilèn Pajang ||

20. Mênggah trêpipun kang praja | karsaning Hyang Maha Sukci | samangke wus mawa tandha | bilih wontên papan mawi | cahya padhang nêlahi | ing riku dumunungipun | ulun kirang pracaya | mangsuli kadi punapi | mokal sangêt bilih botên lêstantuna ||

21. Rèh mangkya dlajading praja | kawuryan rêspati wingit | sarèh ruruh ing ukara | krana met palupi sidik | tan tilar silastuti | sujana sarjana sarju | mumudya mrih widada | têntrêming sagung dumadi | ascaryèng tyas karoban dening utama ||

22. Sang Prabu Wali Kalipah | patih nayaka linuwih | pra pangagêng tyas raharja | panêkar mratah prayogi | punika kang dumadi | paliyase rèh rahayu | mila mangkin andadra | raharjaning kang nagari | têmah suka sukur sanggyaning kawula ||

23. Katatangi ring sampurna | para sang paramakawi | kawilêt ing tyas ascarya | kataman ing tyas majêrnih | dènnya ngupaya sandi | sumaruna anarawung | angimur manuhara | met pamrih amrih pakolih | dadya suka ing karsa manadukara ||

24. Kasok karoban ing warta | babaratan ujar yêkti | binudi dadya pangarsa | puwara kathah nêmahi | ginilut anêtêpi | kotaman dadya pangayun | andhêdhêr kalêrêsan | siniraman toya aring | bilih tuwuh dadya kêmbanging nugraha ||

25. Wicara ran Nitisastra | awawarah asung peling | inggih ing jaman dupara | kuwat dènnya mangun-jurit | talêtuh praja tintrim | têntrêm sakèhing tumuwuh | kadiparan sagêda | dursana§ Prayoginipun / darsana / = tutuladan. nagri Mantawis | saking nalar lêstantun salaminira ||

26. Ngandikanira ki Pujang | para§ Prayoginipun / Pujang,-kara /. boya angèngêti | khuluman

--- 3 : 308 ---

ngalèi apan | muhung Date Mahatinggi | tan swuh salaminèki | langgêng ing kaananipun | bilih lampahing dunya | nyakrapanggilingan pasthi | lah sumangga tinitènan kalih nendra ||

27. Têranging pamyarsakula | karantan-rantaning ati | sampun samantên kewala | yèn linajêngakên sirik | kalawan tan prayogi | bilih kawêdhar lyannipun | sanès rembatan kula | wadining (n)jêng sri bupati | Mas Cêbolang matur sintên sri dipatya ||

28. Nggih punika sri narendra | Mas Cêbolang matur aris | têka nama sri dipatya | punapa jujuluknèki | sawêg nêmbe miyarsi | Ki Wanakarta lingnya rum | ing sêrat Dasanama |§ Sêrat Dasanama aksara Jawi ing tahun 1875 kawêdalakên dening F. F. Wintêr, cap-capan Jonas Portier. Surakarta. Buku punika kenging kangge nocogakên dasanama ing Sêrat Cênthini ingkang kados-kados sampun kathah ingkang risak. nyrioskên nami sakalir | nanging botên tamtu kathahe sadasa ||

29. wontên langkung wontên kirang | sadasa warni kang nami | Cêbolang malih aturnya | bilih kyai amarêngi | kang kasbut dasanami | winêdharêna sadarum | mèsêm Ki Wanakarta | inggih (ng)gèr langkung prayogi | muhung amung kèngêtanulun kewala ||

30. Namaning rambut punika | rema roma jata wèni | namaning sinom titiga | sinwan tarda arinata-ni | Namaning êndhas nênggih | sirah murda kumba ulu | mastaka utamangga | siwira pasuhunan-ing | namaning kang polo utaka sukara ||

31. Namaning unyêng-unyêng |Kurang satu suku kata: namaning unyêng-unyêngan. munyung munyêng pundran pundri | utawi anama usran | Namaning (m)bun-(m)bun inggih |Kurang satu suku kata: namaning mbun-êmbun inggih. pasundhulan lan malih | nabyuka wuwunan pwuhun | Namaning rai muka | wadana nayaka tuwin | swa pasuryan danawasta naraupan ||

32. Aswataka lawan golaka |Lebih satu suku kata: Aswataka lan golaka. Namaning bathuk puniki | rattha danta paradinan | larapan watriya tuwin | thila watthawa bakli | nakya jangkêp sadasèku | namaning mata tingal | soca netra-aksa èksi | myang kecanakêcana. aksi tanapi maripat ||

33. Namaning alis punika | imba siratmaya drêsthi | êning atanapi nahya | namaning idêp mung kalih | irpya wiruya nênggih |

--- 3 : 309 ---

Namaning tlapukanipun | dyaraksa pakêjêpan | nitrama padhelan naming | warni gangsal De tadhah luh dwi namanya ||

34. Tarinjilan taritisan | Padon-mripat nama mung dwi | padaksi lawan sanira | Namaning ulat winarni | nitya nayana liring | naya wulat jaswa-nipun | Namaning pasu tiga | paswa salimba utawi | nayantara Namaning irung ginita ||

35. Grana narsika carsana | idhung tri namung puniki | namaning pipi julingha | pangarasan lawan malih | paya-paya jangkêp tri | Namaning kuping winuwus | talingan panalingan | karna pangrênga lan malih | kijih kêsèh padlingan De namanira ||

36. Woh kuping pani panoka | Namaning pilingan nênggih | piilisanpililisan. salimuka | pindaka lawan pamiddhi | Namaning lambe lathi | talawya lan malihipun | wiwiruta wirusa | Namaning cangkêm winarni | panga tutuk jurama linga duhara ||

37. Namaning untu udata | waja dênta ungsa gigi | De namaning siyung drastha | anudaka jatha jêthis | dodaka De namaning | êbam bahêm wahma sampun | De namaning gusinya | gosya ngrima podata naming |Lebih satu suku kata:gosya ngrima padota ming. Gantya namaning ilat lidhah myang jihwa ||

38. Namaning têlak lak-lakan | patlak jaludha mung katri | Namaning cêthak ludhaka | pakima pan amung kalih | Gorokan namanèki | padinan goludha gurung | jang-garma lwidha têngkran-nya |Lebih satu suku kata: jang-garma lwidha têngkran. Namaning kang kalamênjing | kalanjura kalmasu lawan panglula ||

39. Namaning uwang wanggita | wêha wêgang De namaning | janggut dhahalu arluta | Namaning gulu puniki | tênggak-tênggêk jangga twin | lungaya lungkeya sampun | namaning tênggok arka | janggata tanggota aming | namaning kang githok griwa jitha prastha ||

40. Namaning pundhak pujangga | pamidhangan guwi nami | Dene namaning sasalang | sale-sale lawan malih | [...] |Kurang satu baris: 7i. Mangkya namaning kang bau | buja wahwa sikara | baywa kalawan bahyi |Kurang satu suku kata: bayuwa kalawan bahyi. Namaning kang tangan asta aswa kasta ||

--- 3 : 310 ---

41. LanganLêngên. rut lupun lungiyan | Namaning cangklakan kalih | namung kèlèk klawan goswa | Namaning sikut winarni | siku lunggiya tuwin | lunggana De namanipun | ugêl-ugêl mung tiga | durung gudipa myang pantri | Namaning kang èpèk-èpèk ugi tiga ||

42. Têpak têpaswa gumpita | Dene namaning dariji | racikan kalawan aswan | jari anglingka anaming | Warna catur jariji | Namaning jêmpol winuwus | pol-êmpolan tuita | Namaning panuduh mung tri | tuding tamuduhan kalawan panêdah ||

43. Namaning panunggul ika | panalika ulujagi | katiganipun panika | Namaning dariji manis | namika jri maduning | Namaning jênthik winuwus | ênthik-ênthik kalawan | kalinglingan De namaning | ingkang êtoh sêpahan amung punika ||

44. Namaning kuku kanaka | tulangsa tumit lan makri | Namaning brêngos winarna | rahawis gumbala kumis | Namaning godhèg kalih | jambang jambira puniku | Namaning jajenggotnya | jèbrès daguyaya êbris | Dene maning simbar-jaja jagamaya ||

45. Lan anama kiswa jangsa | Namaning dhadha jaja twin | pranaja jangsa kruradha | namaning susu puniki | saridha tetya tuwin | pahayudara pambayun | lêmak santên tètèk-nya | Namaning kang pulung-ati | kukulungan lêmbana De namanira ||

46. Wêtêng padharan hudara | garba dhara dhandhun tuwin | bandhutya Mangkya rannira | wudêl tungtungnan nahabi | pusêr umadya nênggih | Namaning lambung winuwus | epya iring udaya | Namaning iga winarni | rusuk tuwin jaringan namung punika ||

47. Namaning têpak sanggata | sanggat watna waha lêmbi | Namaning gigir pêngkêran | pugyahan adaddha tuwin | jriha Mangkya namaning | ula-ula kang winuwus | tanggola adodaya | Namaning bokong atasli | bocong, wangkong wangku prasila wasmika ||

48. Dene namaning walakang | wadidang turwaka naming | Namaning silit punika | jubur pantat lawan mèdi | Mangkya namaning

--- 3 : 311 ---

pêli | pajalêran pastapurus | lada gathèl purusa | linggana, gathul Gumanti | namaning kang konthol gintungan landhuka ||

49. Palandhungan myang siraswa | Namaning pawèstrèn blêki | has turuk hès pasti baga | Namaning kang itil krênti | -ka karênta twin |Kurang dua suku kata: 7i. wanggaprana mung puniku | Namaning pupu paha | supit tur Mangkya namaning | ingkang dhêngkul drêkuka jêngku jungkala ||

50. Jêngkalika Mangkya gantya | namaning sikil winarni | suku sampeyan paduka | kalipada jênung naming | Namaning polok nênggih | padagsa padarakèku | padaraksa Gumantya | namaning tungkak winarni | jungkare lan saking lana mung punika ||

51. Namaning kang dalamakan | wacakan kalajung tuwin | kalapada talamakan | pangkaja pana kang nami | Nurwitri matur aris | pênthil pringsilan myang jêmbut | nami dèrèng kawêdhar | thole sun durung mrangguli | linajêngna sru kasmaran dasanama ||

249. Asmaradana

1. Namaning ati winarni | galih praya wardaya tyas | manah kalbi twas prana-ne | ambêg sota cita sita | hrêdaya lawan drana | Gantya namaning kang jantung | tungtut kalawan adnyana ||

2. Namaning rêmpêlu nênggih | parung-parung pawawaddha | Mangkya namaning usus-e | igma kalawan pusdhara | Namaning otot ika | urat praddha an-gota mung | Ranning bayu nadi waywa ||

3. Namaning balung tulang twin | tosan walêngka saddhika | Dene namaning sungsum-e | saswasa sadis gagala | Namaning dagingnya |Kurang satu suku kata: Namaning kang dagingnya. erat-dadwina iku amung |Lebih satu suku kata: erat dadwina mung. namaning gajih winarna ||

4. Lêmak widya kawalam ming | Namaning gêtih ludira | marus ludhira, êrah-e | Namaning kulit walulang | turila cucal carma | Namaning wulu winuwus | arla bulu lawan krima ||

5. Namaning badan winarni | angga, hrungka angga awak | sarira

--- 3 : 312 ---

wak langgana-ne | langga wanda tubuh raga | slaksana pasikêpan | Namaning nyawa cinatur | atma jiwa jwita suksma ||

6. Gantya namaning kang mani | rahsa rêta, sindu rêtna | manimaya myang pêjuh-e | Namaning kringêt swanita | aringêt myang erangga | riwe kardhaya arimut | Namaning kang êluh waspa ||

7. Namaning idu puniki | kêcoh ludhah lan tricaya | De namaning ambêgane | uswasa myang wayuwita | Namaning wawayangan | paryyana mayangga iku | kalayan graya luyana ||

8. Ranning andhêng-andhêng nênggih | karandhêng lawan witangga | tamat badan sasrandune | Namaning ratu winarna | narendra narèswara | endra narapati prabu | narèhismaka nararya ||

9. Narendra dipa narpati | nareajinaraaji. naradipa | naranata myang narpa-ne | buminata bumipala | mangkubumi srinata | buhpalaka nareprabunarèsprabu. | narpati dwipati dwita ||

10. Buhpati bupati sang sri | sitipati sri buhpala | nata sang nata rajane | maharaja susuhunan | sang siniwi pamasa | sang sri kangjêng dipa ratu | rana srindra naranata ||

11. Pangêmpyak sinuhun aji | Mangkya (n)jêng ratu namanya | paramaisi padmine | maisi narpaduhita | narpadwita duhita | pramèswari nrêpawadu | paramaisi dayita ||

12. Sarendra mahisipani | narèswari garini-nya | natadèwi, supadmi-ne | narendra-garini lawan | sri supadni swari-nya | natarèni supadni-ku | prawara maisi miwah ||

13. Sriyodadi lêksiwati | rajamaisi ratyan sang | biniaji pungkasane | Mangkya namaning pandhita | rêsi suyati wikya | mahayêkti mahawiku | Mahayogi yatiwara ||

14. Dwijawara mahamuni | maharêsi muniwara | sidhawakya brahmana-ne | maha pinundhi munindra | sipa yogi suwara | sunya sang mahêning yampu | brahma-asidha yogindra ||

15. Wiku salya sidha yogi | yati yogi yampuh tamat | Namaning

--- 3 : 313 ---

pujangga rêke | kawirêja kawiradya | kawiswara kawindra | kwiwara mardawalagu | sang akawi pramasastra ||

16. Mandraguna pramakawi | pramabasa mardibasa | lawan awicarita-ne | sambegana nawung-kridha | Namane kang santana | wandu warga kula wadu | wandawa kula wandawa wandu wandawa ||Lebih lima suku kata: wandawa kula wandawa / wandawa wandu wandawa.

17. WanpawanduNarpawandu. wandawèki | kulya, duwa wandu-wanda | kulawandu warêga-ne | yadukula kulawarga | kulawandawa lawan | sanak sadhèrèk pan sampun | Mangkya gantya namanira ||

18. Santana saking ing èstri | bahangga wrêniwa wangsa | wangsawrêni kulyandu-ne | balasantana punika | Gantya namaning putra | tanaya atmaja sunu | yyranak suta wêka ranak ||

19. Wêkaja sunyanan siwi | ja syan kalawan anak |Kurang satu suku kata: kaja syan kalawan. Gantya namaning patih-e | kyan mapatih mangkupraja | natyardya mantrimuka | rakyan mapatih puniku | senapati adipatya ||

20. Nindyamantri mangkubumi | nayakawaktra kalawan | mantriwasesa pungkase | De namaning senapatya | dipati senanata | pramugari natapupuh | senadipa natayuda ||

21. Gantya namaning prajurit | wira prawira sudhira | wirayodha wadana-ne | warayodha wirarodra | sura suranggakara | wara prawara dibyanung | danuja sudibyayoda ||

22. Dibya widagda mungkasi | Namaning tumanggung ika | bupati myang wadana-ne | nayaka jangkêp mung tiga | Gantya namaning tiyang | janma jalmi jalma manus | uwong wang wyang sana nara ||

23. Namaning tanah winarni | mandhala pradesa lawan | ani wana De namane | nagari nagara praja | rajaddhi pura kutha | radya rarjya raja pan wus | Gantya namaning kang jagad ||

24. Rat-maramorêdya tuwin | rat-kotama rat-pramawa | rat-paramoditaya-ne | pramotama pramosita | myang

--- 3 : 314 ---

pramososesaya | rat-kartyawan malihipun | pramodita prarosesa ||

25. Rat-wiryawan lawan malih | pramosudha jagad-raya | Namaning ênggèn jinèntrèh | loka pana syangsa unggyan | swana sana astana | Namaning bumi winuwus | buhwahananda buwana ||

26. Bumi mandha ngandha bumi | ngandha buhwana mandhala | bumi mandhala kisma-ne | trimandha laya buwana | tribawana bantala | pratala gantya winuwus | namaning kang madyapada ||

27. Aripada marapati | amradata swamanusa | lawan amartyapada-ne | narapada janmapada | manungsapada lawan | sajapada jangkêpipun | madyapada mangkya mêdhar ||

28. Namaning dêlahan nênggih | martyaloka janaloka | muksapada triloka-ne | lokabawana narahyang | amaraloka lawan | nirayapada puniku | martyaloka swarapada ||

29. Namaning omah winarni | rangka rangkang rangkal nasa | yasa suyasa wisma-ne | swawisma suwisma graha | panti bale wangunan | Namaning surya winuwus | srêngenge arka raditya ||

30. Baskara aruna rawi | suwandagni diwangkara | kalandaragni hera-ne | dinakara andakara | matahari radeya | Namaning wulan winuwus | rêmbulan tanggal basanta ||

31. Sasangka kirana sasi | lèk sitangsu tèngsu candra | sasadara De namane | lintang bintang taranggana | tranggane myang sudama | namaning langit winuwus | wiyat jumantara tawang ||

32. Rahawismara wiyati | nabasjaraya wang-awang | antariksa de namane | ardi girindra acala | endra wukir aldaka | parwata parsa argèku | giri parwata, himawan ||

33. Namaning toya winarni | banyu tirta warih gangga | ranu tuban jahnawi we | jahêning sindu udaka | Namaning kanang wana | alas wana wanadri-ku | tarataban wanawasa ||

--- 3 : 315 ---

34. Wulusan rimba wanardi | wanapringga wanantara | wilahan lirang hutan-e | Namaning angin winarna | maruta samirana | anila pracanda bayu | barat pawana prahara ||

35. Bajra lesus sindhung mangkin | Namaning jawah winarna | udan jawêh riris srane | drêsti surur sracap warsa | Namaning gêni ika | pawaka dahana latu | anala awuhya brahma ||

36. Agni api lawan puyi | De namaning kang sagara | samodra jalanidhi-ne | waudaya jaladhiyan | waudadi hèrnawa | waudadi tasik laut | jaladri nadi hudaya ||

37. Gunadi kalawan jaddhi | Namaning kadhaton pura | purannya kênyapuri-ne | antapura purantara | puraka prasadarga | tajya karatyan kadhatun | dhatulaya kanyapura ||

38. Kaaji kadhatyan puri | De ranning pra arum kênya | adyah ing kênyapurine | wara rèni warakênya | warakami kadyaka | trêhajya dalêm myang wadu | rèni kamini wangayya ||

39. Wara kanyaka anak-bing | warana mini wanudya | wangadyahi wanita-ne | wara-taruni, duhita | panni rêtna wanita | rêtna dyah ika marmadu | waraduhita dapita ||

40. Warakannya ungadyahi | ytristri ratna arunidyah | anak-bini ungadya-ne | ngadyahi kalawan styah |Kurang satu suku kata: ngadyahi kalawan satyah. Namaning pasareyan | pakasutan tilamarum | papalingan palijêpan ||

41. Pakêjêpan jinêm-amrik | patilêman pajungutan | pakulèn tilam paturon | gupit paprêman paturyan | gulingan pakasuptan | jinêmrum kalawan jungut | De namaning papajangan ||

42. Pracangan patanèn tuwin | mandhakiya pakasutan | krobongan pagubahan-e | namaning sanggar-planggatan | pamidik pamidikan | mandhakini De namèku | balekambang yasakambang ||

43. Wismakambang mandhaini | Namaning kang pamêlêngan | pamursitan pasamadèn | pahoman myang pahêningan | pidikan sampun tamat | Namaning lawang winuwus | badra kadron dyaralaya ||

44. Dwarala wiwara kori | pintu kontên dwari dyara | Mangkya

--- 3 : 316 ---

namaning kang golèk | suppa pratima suwarna | upadi srupa tima | De punggawa namanipun | pratiwa prattiwa batha ||

45. Partipa bala sumantri | rasika ramye punggawa | wadyabala tantra ranne | baladika balagana | waduaji kalawan | wadyakosa arannipun | batha brêtya wadyakuswa ||

46. Balakuswa brêtapati | blaburbala balabyawan | balakuswa wahananawahanane. | balapati balakrama | Dene namaning rencang | sahaya, kawuntên batur | patik dasih wadu hamba ||

47. Ulunan kawula-dasih | manih-manih De namanya | rencang èstri paricare | pacara kakèr parêkan | paridha carikan paridhara |Lebih tiga suku kata: 7a / pridha carikan pridha. poricarika cèthi-ku | unging-dalêm kaka-kaka ||

48. Gundêk kaka lawan manih | Dene namaning kèngkènan | utusan caraka gandhèk | duta tuwin wimbasara | De wadya pês namanya | pratiwadama puniku | brêtyadama-ning Sarkara ||

250. DhandhanggulaTeks asli: Sarkara/Dhandhanggula.

1. Namaning kang sato-kewan nênggih | satwa wrêgu atbana guhana | wrêga grigu ataga-ne | buswan wrêgana pasu | dewauwa namanirèki | tutuha hwa ha windra | bruwar rêda lawus | lowidha, lawan srikangga | Namaning kang asu sona cika anjing | sêgawon, swa, srênggala ||

2. Bugêl kuwata capira nênggih | Namaning kang sawêr sarpa taksa | -ka urar, naga-ne, | antaga bujanggèku | aliman myang nuwenda tuwin | wisu lawan wiswaka | ran ulêr winuwus | prêtika urtta ratyaka | krimimara Namaning iwak-loh nênggih | mina mataya mayangga ||Lebih satu suku kata: mina mataya myangga.

3. Jita maswa mara tuwin hoti | Namaning kang ece daki tyacya | karaca myang kumirane | Namaning cèlèng wijung | andhapan wêg cêlêngan jubris | waraha wwag sungkara | durgangsa babwi-ku | Gantya namaning kang cêcak | cêcca wêcca srêpana cêrca myang murti | De namaning cêkaklat ||

4. Cintaka myang trikaklak utawi | usaya De codhot namanira | labeka myang swarima-ne | condhot swatgoga-nipun | Namaning [Nama...]

--- 3 : 317 ---

[...ning] kang coro winarni | lipasa curyya wragna | karlaka puniku | Namaning cacing warcita | anwil lusi wrêjita miwah nauti | ranning rase winahywa ||

5. Gahandaka marwaga danuki | rasya lowa widada widarsa | Dene ta kêbo namane | miswa gomi andanu | sarawana maesa mundhing | danuka kartiwaka | sêtyaka karêbu | gopaka lawan badhakas | Namaning kang kucing mangkya kang winarni | mongsiya pusa pwasa ||

6. Kumawangga windula lindhiki | myang kucingha kalawan uriddha | Namaning kidang ing mangke | arina kênas ujung | myang sanggari asyana tuwin | walkasa awinangga | waulapan sampun | Namaning kancil sahasa | criga sasa makala palguna tuwin | marguna myang awika ||

7. Namaning kang kasturi winarni | rahawiddha padyaksa turila | Namaning kênthus ing mangke | kawandaka pêthangkus | gênthorang myang katyaka tuwin | kênthu miwah dumira | Namaning kang kuwuk | brewa griwa garêmusa | gapadula sêrêgampa grêdama twin | kuku kalawan grêdda ||

8. De namaning kêthèk kêra juris | kuthilapas rewanda wanara | palwaga gocara bêdhès | monyèt kuthila munyuk | kênas wre bruk palgosa kapi | Namaning kawuk dêksa | myang manyawakipun | sarira miwah wiyangga | Namaning kadhal umikaka tuwin |Kurang satu suku kata: Namaning kang kadhal umikaka tuwin. karla didika bundhan ||

9. De namaning kodhok kang winilis | pas canthuka wrêstija weyangga | lawan wiyung De namane | kapithing kang winuwus | darika myang kathira tuwin | patri kamitra Gantya | kijing namanipun | patna krêmisa lindhana | Namaning kang kalabang ingkang winarni | kanaba manggakala ||

10. Sigusapa sangkathasirsèki | Namaning kang kalajêngking ika | pracika myang wrêsika-ne | wikatha karkalèku | Namaning kêmangga winarni | wwarmata kamamatsa | kyaka umêngipun | mwang gumênggêng De namanya | kalong gingga gingguna karmana lêngkir | De namaning kang kombang ||

11. Madukara sadpada pohali | bramara myang lyali Madubrata |

--- 3 : 318 ---

Ranning kupu karmija-ne | drupawa trijanipun | Namaning kang kinjêng winarni | kirada trawanggana | trungka sadpadèku | Dene namaning kang konang | karlipa myang kardipta prawiku tuwin | paryyana De namanya ||

12. Paksi dara kutu-kutu tuwin | parpati myang andhara hambara | De namaning trênggalunge | wilangga trangglang-ipun | manggrita myang, trambawa Dening | namaning kanang tukang | tutungka dakyèku | limbo kandhuki jupwasa | Mangkya gantya namaning kanang trênggiling | tranggilo hola krêta ||

13. Taranggirwa arikta Gumanti | namaning kang tikus karathika | wênggong wênggyang musika-ne | kulthaka britanipun | myang jinaddha Gantya namaning | têkèk basu thatmaka | darnita walutru | pêrcalung De namanira | kanang tawon tusara wilata tuwin | aksawata Gumantya ||

14. Namaning kang tinggi kang winarni | marusukra kinggyana kindraka | bangsarha Dene namane | sapi andaka lêmbu | andana myang gumarang tuwin | nadarika iyata | lahambana biksu | gutara sunwata growa | myang karwita Ranning simping sipi-sipi | kima wringga kamura ||

15. Namaning kang sêmut barakithi | tutsma turida lawan kasarya | Dene namaning warak-e | barkita durganggèku | ascarrêma karthupa tuwin | libra masdla panyula | wahêndhê rêpan-ipun |Lebih satu suku kata: wandhe rêpanipun. De namaning wêdhus menda | badra waddha badrewana dumba kambing | bajrowisa gandhoga ||

16. Apkendra myang ami De namaning | ingkang wrêgul wurikta sababa | baglana tuwin sêgêre | De walang namanipun | wancak wancal wancal tuwin | kithika De namanya | walangkapa-nipun | cangkring dumrada sragita | De namaning wrêna winata liplèki | kalandaru grisawa ||

17. Tuwin nandha Mangkya namanèki | ingkang lutung anjani kajura | jonni krêsnandha budhêng-e | krêsnangga wirukè-ku | myang kanuki Mangkya namaning | luwak wulik harwwaka |

--- 3 : 319 ---

lwarddha byatatiku | lêwis kyatbata witrindha | Namaning kang landhak pangsyang êntir-êntir | waragdhêg wirundisa ||

18. Sujika myang duryangga Gumanti | namaning kang lingsang yungywing, kapwa | waringga myang nokara-ne | canana de namèku | ingkang lawa labar cot sèri | sembuka, lawan sopta | De namaning lêmut | nyamuk rakaddha murinda | Namaning kang lalêr masika ladrèki | pastika myang srisa ||Kurang satu suku kata: pastika myang sarisa.

19. Namaning kang lancêng kang winarni | wêlatana tungkara sungkara | De namaning pritgantil-e | gadhasih rês-rês cucur | tadhah-karsa tidharsa tuwin | wlasarês De namanya | prakutut winuwus | uka kiswara kitiran | Namaning kang prênjak tamu-yana tuwin | srimataka lawan hla ||

20. Namaning kang pitik ayam pitrik | ahyam sata kalawan kuraha | Dene namaning pênyune | masiran myang kurmèngku | kêtêm lawan kêtêmwang mangkin | Namaning jaran kapal | turangga kudèku | abapra aswa undhakan | parasita kalangkya wajik kalêngki | De namanya ||Kurang tiga suku kata: 7a.

21. Kang jalarang dya-rarang prihaha twin |Lebih satu suku kata: Kang jlarang dya-rarang prihara twin. dabrika myang singgara punika | Namaning jangkrik jogan-ne | mitsnaddha rinritèku | Namaning kang yuyu winarni | rakatha kalakatha | lawan karkathèku | kratdhika tuwin lartika | Namaning macan sardula kesari |Kurang satu suku kata: Namaning kang macan sardula kêsari. arimong magadipa ||

22. Sima singa mangha margapati | arimba mong bragalba myang wragra | Namaning kang manjangane | sangsam jênggulan-ipun | rusah wrangga sangkula randhi | arusa lan manglada | Namaning mamanuk | kukila garudha kaga | garura myang garêlya sihinbra paksi | De namanipun mêrak ||

23. Wayuninda badhak lancur tuwin | kuwong cohung kalawan manyura | Namaning maliwis rêke | griwis silêman-ipun | cakrawaka cakarwa tuwin | cakrangga De namanya | mimi mithukèku | imi-imi myang mindara | amintuna Namaning gajah waniti | dipangga brajamuka ||

24. Dirodana liman dwipa èsthi | amatêngga diraddha samadya | sasajang myang kunjana-ne | gajaksa gathu-muthu |

--- 3 : 320 ---

lawan èsthi Gantya namaning | garangan wlagra sapwan | gitra katri namung | Dene namaning kang gagak | ajap-ajap kangga dhandhang ugi mung tri | Gantya namaning gêmak ||

25. Puyuh kakali lawan manintir | Namaning gangsir makri tistrasa | myang tanghira de namane | banthèng go angun-angun | goh andaka jawiddha tuwin | yawa gwaksa gawindra | grina sawarèku | Namaning bajing yawingga | ikurita niyuninda panduba twin | wasukka De namanya ||

26. Rikang bunglon bisawarna tuwin | saputhata taruja kilasa | lawan tanu De namane | bajul Buwaya-nipun | wubaya myang wayama tuwin | walawaya wayura | Namaning kang bulus | wayangga lawan kurmanda | myang wacungha welusa Dene namaning | banyak angsa awija ||

27. Warangguru angsa De namaning | ingkang bèbèk kambangan sakrita | cakrama myang duwaba-ne | Dhuh anak mung puniku | kang kalêbêt ing dasanami | Nurwitri lon atanya | dupi namanipun | kewan pêksi gagrêmêtan | iwèn tuwin ulam-loh saminirèki | winêdhar plêncat-plêncat ||

28. Lah makatên mung supados gampil | wit nama kang sirah aksara ha[...] | dumugi aksara ba[...]-ne | mila pating palêncut | Ki Nurwitri umatur malih | sênggung kalawan lintah | kang dèrèng kasêbut | o inggih kula kalepyan | ranning sênggung sahira sênggora tuwin | lêngkasa lawan sriba ||

29. Namanira lintah ujêl nami | Ki Nurwitri ririh aturira | sranduning badan kang dèrèng | winêdhar namanipun | têlanakan jêmbut myang pênthil | ki wisma mèsêm lingnya | kula dèrèng mangguh | sanès ingkang ulunrêmbag | nyênyamikan lan wedang langkung mlasasih | minta sinaruweya ||

30. Cacêngklungên dènnira manganti | rêntahing sih mangayun rinahab | lah suwawi ywa talangke | mrih lêga manahipun | suka ing tyas kang sinung angling | tanggap samya mangrurah | wedang nyamikipun | nutug pakantuk manadhah | nyai wisma mangarsa mangancarani | êsês kalawan nigan ||

31. Ki Saloka udud datan apti | muhung mucang apune kakehan |

--- 3 : 321 ---

mentol sabêton bibire | narocos ngowèh idu | adhuh nyai nyuwun usadi | kiranging duga-duga | apura dikladuk | nyai wisma ngling dènenggal | mamahana cêngkèh saking tigang siki | sa Allah awaluya ||

32. Ing tapsirih wus ulundèkèki | tanggap mêndhêt cêngkèh wus dènmamah | ngowe saras bêbengore | malêngèh lon amuwus | sampun mantun raosing sakit | mentol sabêton ical | tan na labêtipun | nuwun nyai yèn sêmbada | rèhning ulun katêmpah sêpuh pribadi | tan pantês Lonthang-lonthang ||

251. Lonthang

1. Lir kang anèm wajibe kêdah samêkta | mênèk wontên sukêr sakite nèng marga | sintên ingkang kajibah têmtu kang wrêdda ||

2. Mila bilih nyai kaparênging karsa | ulun nyuwun sasêrêpan bab usada | nyi wisma ngling punika langkung prayoga ||

3. Nanging sampun tinartamtokkên jodhonya | namung kangge lantaran saèstunira | saras botên saking kwasaning Hyang Suksma ||

4. Jampi bêntèr-êtis wontên kawan warna | kang sawarna sêdhah kapanggih rosira | bêngle dlingo ron ringin têmu langya ||

5. Kang dwi warni êbungipun pisang Saba | podhisari murmak dagi asêm krêsna | apan sami binorèhakên sarira ||

6. Katri warni apan namung abên tiga | têmu kunir brambang binênêm punika | ugi sami binorèhkên patrapira ||

7. Catur warni nanging dèn-unjuk punika | bêras adas kunci mrica-kumukusnya | brambang cabe gêndhis sarêm sawatara ||

8. Jampi cantên mladheyan brit pamêndhêtnya | sinosoga manginggil de abênira | (m)pu kunir hèr wayu pinipis popokna ||

9. Jampi amêjahi cacing ron laosnya | dlingo bêngle mungsi bawang sarêm sarta | arêng-jati dèn-mamah cinêkokêna ||

10. Pamurunge cacar duk lagya panasnya | dipun dusi landhaning kang pisang Saba | kinurungan karanjang sasampunira ||

--- 3 : 322 ---

11. Siniraman kinêmat sariranira | wusing garing binorèhan kang warata | krokot adas-pulasari abênnira ||

12. Jampi sarap apan wontên kalih warna | godhong kawis kalawan kuliting bawang | jêram pêcêl bêngle pinipis jamokna ||

13. Kang dwi warni binorèhakên kewala | kulit tigan ginêsêng lan lisah klapa | dlingo bêngle kadubang kinarya toya ||

14. Ing nalika (m)borèhakên mawi maca | ayat Kursi la illa hu kumdu mugya | ayal wala yaudu hu satamatnya ||§ Surat Al Baqarah ayat 255.

15. Jampi racêg godhong katèpèng abênnya | adas-pulasari tanapi barambang | binênêma apèn atanapi sêcang ||

16. Cinêkokkên maring larene punika | ampasipun pinupukkên (m)bunbunannya | adatipun racêg mêndhak gya waluya ||

17. Jampi kuping wêrak(?) tuwa bawang seta | pan winêjêt ingêngêt pinupuhênapinupukena: in + pupuk + aken + a (dan di tempat lain). | dhatêng kuping kang kraos sakit punika ||

18. wontên malih jampi kuping oyodira | kang galagah adas-pulasari nulya | pinipisa kang lêmbat pinupuhêna ||

19. Kang sawarni malih jampi kuping ika | bawang pêthak lawan kunir pinupuhna | maring karna kang karaos tan sakeca ||

20. Kuping ingkang (ng)ganda bacin usadanya | ronning sênting lan mêndhang kunir mripatnya | pinipis kang lêmbat nulya pinupuhna ||

21. Jampi kopok kamladheyan sênting ronnya | lawan kunir pinipis êbun toyanya | pinupuhkên marang kang mêdal kopoknya ||

22. Jampi kuping tuli sapta somah mrica | oyot kelor rêmpêluning ayam krêsna | lênga wijèn pinupuhkên kang tan myarsa ||

23. Sarwi maca Palak Binas§ Palak Binas = Surat Al-Falaq tuwin An-Naas (Al Kur'an). kaping tiga | wontên malih godhong dhadhap srêp punika | pinususa pinupuhkên kang tan myarsa ||

24. Usadanya mripat kang lamur punika | ron kacipir pinusus ing astanira | pinupuhkên dhumatêng mripat kalihnya ||

--- 3 : 323 ---

25. wontên malih jampi lamur uwohira | turi rêta sarêm sawuku lawan |Kurang satu suku kata: turi rêta sarêm sawukê kalawan. lisah klêntik pinupuhkên patrapira ||

26. Usadanya mripat mlêthus êmpunira | kunir lawan jênene tiganing sata | asêm kawak arêng jati pinupuhna ||

27. Usadaning mripat gatêl sarêm priya | mung sawuku myang isining lêrak nulya | dènmamaha pinupuhkên kang karasa ||

28. Usadaning maripat sakit punika | asêm kawak kunir pacing sidawayah | toya tuli anulya pinupuhêna ||

29. Usadanya mripat malêtik jalaran | saking cacar kang lagya enggal punika | paku wêsi binakar kang ngantos rêta ||

30. Tinuruhan toyane kang jêram linglang | kang sapalih inguyup de sapalihnya | pinupuhkên marang kang malêtik sarta ||

31. Sabên ari winêwahan upa juga | pamupuhe dèn-nuli-nuli ywa weya | kang malêtik adatipun lajêng sirna ||

32. Jampi bèlèk duduhe jambe kang mudha | myang babakan kayu jurang(?) adas-pala | -sari lawan sunthi ingindêl toyanya ||

33. Pinupuhkên dhumatêng bèlèk punika | kang wus klakyan ngêrês pêdhês gatêl rêta | myang balêrêng sirna pulih kadi kuna ||

34. Jampi puyêng pulasari kapulaga | myang kumukus tuwin bawang sawatara | pinipisa lajêng inguyup kewala ||

35. wontên malih pinilisakên kewala | oyoting jruk pêcêl jêbug sunthi mrica | dlingo bêngle kang lêmbat pamipisira ||

36. wontên malih pilising puyêng punika | namung kalih warni kumukus titiga | myang lêmpuyang tigang iris pinipisa ||

37. Pilis puyêng kadadak lêgon laosnya | myang warêsah babakaning têmu krêsna | lan sadhêgan (m)ponpon linawêt ing sela ||

38. Jampi watuk mpuning kunir traos rêta | asêm-kawak toyanipun santên klapa | inguyupkên padatan lajêng waluya ||

39. wontên malih jampi watuk lisah klapa | kunci asêm-kawak nanging mawi donga | Illa iya Allahu amung punika ||

40. Jampi watuk datan mêdal riyakira | sunthi lawan oyod gandarosa [gan...]

--- 3 : 324 ---

[...darosa] krêsna | toyaning jram linglang pinipis uyupna ||

41. Usadanya tiyang aluntak ludira | lêmpuyang myang jêram linglang sarêm ika | inguyupkên adatipun sring waluya ||

42. Kang sawarni malih sunthi bawang seta | mung sabungkul jêram linglang toyanira | inguyupkên asring akarya waluya ||

43. wontên malih triris bonggol pisang Saba | godhong wringin têmu brambang asêm-lama | lawan sarêm inguyup saras kang raga ||

44. Jampi sambang godhong kawis cabe tiga | lawan ganthi masoyi kamukus samya | linawêta amung dènuntal kewala ||

45. Kang sawarni malih ron waringin sarta | babakannya myang awu pawon punika | toyanipun tulinuli. lajnênglajêng. inguyupna ||

46. Usadanya padharan (m)badhêdhêg ika | kasèmbukan lampês sulangking abênnya | tumbar mungsi cabe-wungkuk amung tiga ||

47. Miwah laos tigang iris kathahira | myang lêmpuyang tigang iris sadayanya | pinipis kang lêmbat inguntal kewala ||

48. Usadanya padharan kang kraos bêngka | dlingo laos pinipis wedang toyanya | ingurapkên mring padharan kang warata ||

49. Bilih mulês punika usadanira | sahang miwah êmpuning kang kunir-priya | sinimbarkên ngarsa wuri kang warata ||

50. Yèn padharan kakên jampinipun eca | kukuluban walikadhêp pinêcêla | dyan dhinahar sampun mawi taha-taha ||

51. Jampi sakit wawratan ron api-api | myang majakan pucuk miwah podhisari | adal-adal cêmêng inguyupkên nulya ||

52. wontên malih jampi wawratan warnèki | lêmpuyang tri iris sarêm arêng-jati | dènmamaha ingêlêt toyanirèki ||

53. Bilih sakit wawratan-rah jampinèki | adas enggal lawan oyoting kamrunggi | inguyupkên lajêng pampêt adatnèki ||

54. Kang sawarni malih yèn wawratan gêtih | asêm abrit brambang sarêm lisah-klapa | dipun êpès binênêm nulya tinêdha ||

55. Jampinipun wawratan umbêl punika | jêbug klapa binênêm de

--- 3 : 325 ---

abênnira | podhisari pucuk kêncur sidawayah ||

56. Myang cangkok kang sidawayah tinoyanan | pathinira mêntah matêng kang lêmpuyang | inguyupkên tanapi kinarya sibar ||

57. wontên malih wawratan umbêl jampinya | êmpu puyang binakar pucuk majakan | podhisari pinipis inguyupêna ||

58. Usadanya tan-toyan datan-wawratan | tri ris laos tri ris puyang mungsi tumbar | pan pinipis anulya inguyupêna ||

59. Yèn tan-ngêntut punika usadanira | oyoting kang waluh lawan bawang seta | jêram nipis pinipis inguyupêna ||

60. Jampi mêjên bluluk binênêm abênnya | êmpu kunir podhisari jintên krêsna | asêm kawak kêncur sarêm arêng-jatya ||

61. Kang sawarni jampi mêjên jintên krêsna | podhisari majakan dwiwani samya | dhinahara ingêlêt dalah ampasnya ||

62. Awawratan lêlêngêtan jampinira | tanpa abên mung oyod kêncur kewala | linolohkên adate nulya waluya ||

63. wontên malih lêngêdên usadanira | oyod dilêm lawan jêbug pamipisnya | ingkang lêmbat kinarya tapêl kewala ||

64. Usadanya sakit untu lah punika | êrahipun sêmut lan gêndhis kalapa | tinamakna ing untu kang tan sakeca ||

65. Ing nalika namakkên iki japanya | adhi untu marênga si kakang untu | kukuh-kukuh adat ical sakitira ||

66. Untu ingkang sangêt sakit usadanya | bawang pêthak lawan asêm pinipisa | kang alêmbat pinupuhna kang karasa ||

67. Ing nalika mupuhkên iki mèlira | tangêt barang lara winor mung punika | ingkang sampun sasakit lajêng waluya ||

68. Abuh ingkang tanpa sangkan usadanya | asêm-kawak kayu-lêgi linawêda | ingkang lêmbat anulya winêdhakêna ||

69. Bilih abuh sariranira sadaya | jae tigang iris lawan oyodira | wit rêmpêlas pinipis gya winêdhakna ||

70. Ugi abuh tanpa sangkan usadanya | angkuping woh kudhu lan bras pitu nulya | dènmamaha sinêmburna kang warata ||

71. Abuh datan sagêd ngêlêtngêlêk. usadanya | ron mêntaos ron sênting

--- 3 : 326 ---

ron mandhakakya | abênnira miri adas bawang seta ||

72. Miwah sarêm kang lêmbat pamipisira | winêdhakkên dhatêng kang abuh punika | adatipun kang lir Balabag gya mulya ||

252. Balabak

1. Ki Saloka tanya malih mring ni wisma | jampine | ingkang tumrap dhumatêng jalêr kewala | pedahe | bilih wontên kawêdharêna |Kurang tiga suku kata: bilih wontên prayogi kawêdharêna. saene ||

2. Nyai wisma mèsêm lah ngangkah punapa | sarèhne | tiyang sêpuh wus nir walangsangkêrira | milane | kula wêca usada mung tumrap priya | clêmêde ||

3. Jampi apês lung pare tri punggêl lawan | bênglene | tigang iris pinipissa ingkang lêmbat | nulya ge | ingurutkên dhumatêng dêdakarira | wratane ||

4. Jampi pêluh lisah ayam cêmêng ingkang | muluse | dènatêngi dene wawadhahira | cupune | bilih arsa sahwati dènusapêna | dakare ||

5. Lamun arsa amung nikmating wanita | gajihe | ayam cêmêng mulus dènusap-usapna | dakare | ing nalika purusa ayun tumama | mring hèsse ||

6. Loloh priya inguntal dimèn utama | sahwate | laos kunci sunthi kajêng lêgi mênyan | madune | wawrat ngawan-saga pinipis kang lêmbat | lumêre ||

7. Ki Saloka kalangkung sukaning nala | de olèh | kawruh kèhing usada saking racikan | warnane | tanya malih punapa inggih wontêna | jampine ||

8. Tumrap dhatêng ingkang sarasan kewala | saene | nyi wisma ngling inggih wontên wah prayoga | tanduke | mring sarira sakeca padharan lêga | namane ||

9. Ya sadhêgan anton-anton gi-anggi-nya | saene | apan mawi binobot sadayanira | pamrihe | sagêt ajêg punika wawatonnira | bobote ||

--- 3 : 327 ---

10. Adas wrat nêmlikur dhwit pulasarinya | wawrate | tigang dhuwit mungsi nêm dhuwit wawratnya | tumbare | wawrat sangang dhuwit cabe tri dhuwitnya | wawrate ||

11. Mrica wawrat sadhuwit kayu lêgènnya | wawrate | pitung dhuwit pala wawratnya sakawan | dhuwite | botor matêng ginorèng sangan wrat sakwan | dhuwite ||

12. Kadhawunge ginorèng sangan kinipas | wawrate | kalih dhuwit wah kêncur sampun rinajang | pinepe | ngantya garing wawrat nêm dhuwit kèhira | nulya ge ||

13. Binubuk myang ingirigan kang alêmbat | lajênge | ginorèng sangan namung sawatara |Kurang satu suku kata: ginorènga sangan namung sawatara. pamrihe | bilih lami tan sagêd (n)jamur punika | prêlune ||

14. Saupami badhe damêl kang akathah | wawrate | wêwahipun mirit kang kasêbut ngarsa | malihe | yèn adamêl sakêdhik sudaning wawrat | lugune ||

15. Inggih mirit saking kang kasêbut ngarsa | sudane | kajampènan tiyang sêpuh katakêra | kathahe | mung satunggal suru agêng ingkang kêbak | pinêrês ||

16. Bilih lare namung sapalihe wrêdha | takêre | lamun kagêm loloh barambang lêmpuyang | wêwahe | puyang mêntah matêng dwi grigèh myang brambang | kalihe ||

17. Bilih kagêm loloh cahabe lêmpuyang | wêwahe | cabe tiga iji kalawan lêmpuyang | mêntahe | kalih grigah angêt kuwat mring sarira | pamrihe ||

18. Kagêm loloh bêndha laos wêwahira | bêndhane | ingatêngan amung satunggal kalawan | laose | sapalihe (n)dhas-ayam mung tumrap wrêddha | êkase ||

19. Kagêm jampi pêdhètan wêwah bungira | kelore | tigang punggêl woh inggu dwi klungsu lawan | jêrame | -pêcêl namung sairis sunthi samanya | klungsune ||

20. Bilih mèncrèt brambang puyang êron sabrang | wêwahe | sadayèku pinipis sarêng sadhêkan | ingombe | amung bêndha laos punika inguntal | patrape ||

--- 3 : 328 ---

21. Mung pêdhetan ingombe kinarya dhasar | pedahe | ngêndhakakên kuwaya lawan usada | bêngange | yèn (m)bubucal murus têrkadhang mung lêga | wêdale ||

22. Loloh parêm ênèm anggi-angginira | warnine | adas pulasari kayu-lêgi pala | sarine | kêmbangpulu manis-jangan sidawayah | tumbare ||

23. Jintên irêng kumukus jongrahap murmak | daginge | cabe brambang saprantu kêncur kunirnya | tambahe | jêram pêcêl pinipissa mawi toya | [...] ||Kurang satu baris: dèn ombe [sumber: koleksi Jurusan Sastra Daerah UNS].

24. Bilih kagêm loloh sêpuh parêm wêwah | ge-angge | pucuk ganthi pucuk pandhan widasari | cêngkèhe | jae kêling majakan mêsoyi mrica | mungsine ||

25. Pon-êmponnya wêwah bêngle têmulawak | puyange | pinipissa tinoyanan sawatara | kathahe | mudha wrêddha panginume wusnya nadhah | sêkule ||

26. Mangkya loloh sawanan racikanira | warnane | dlingo bêngle bawang inggu ragi lirang | adase | -pulasari kêmbang sumba tumbar mungsi | palane ||

27. Kayu-lêgi kumukus sêntok mêsoyi | sarine | rasukangin cêngkèh pucuk kapulaga | karange | lawan botor kêdhawung ginorèng sangan | kalihe ||

28. Gya linawêt toyanira sawatara | kathahe | pangunjuke sontên ing sadèrèngira | sêrape | Sang Hyang Surya punika mung tumrap jalma | sêpuhe ||

29. Mangkya loloh kalamun luntak ludira | maliye | watuk mawi ngêdalkên êrah punika | warnine | kawulipun panawar jambe rannira | abênne ||

30. Adas pulasari ginodhog kinarya | wedange | pangombene yèn wus asrêp lan tan kêna | angombe | sanèsipun tumêkanira waluya | lawase ||

31. Mangkya loloh kamatus kang nama rujak | warnine | traos abrit sagalindhing ingatêngan | maliye | tiga pêntil jram pêcêl sajêmpol asta | agênge ||

--- 3 : 329 ---

32. Brambang abrit tiga iji lombok rêta | isine | binucalan dene kathahe dinuga | pêdhêse | pêntil jêram lombok brambang rinajangan | nulya ge ||

33. Ingulêg nèng lèmpèr kang ngantos warata | mukête | gya binukti sasampuning kalêbêtan | bojane | tinêlasna sadaya ywa nganti tirah | rujake ||

34. Dènnya loloh baladhêg tri ari ika | etange | ingkang kaping kalih jêramnya sakawan | ping trine | jêram gangsal sakèh loloh èstu mawa | sarême ||

35. Sampun têlas mung punika kawruh para | lolohe | Saloka ngling kalangkung panuwunkula | èstune | warnaning kang anggi-anggi kèh kalepyan | namane ||

36. Miwah kathah ulun kang dèrèng uninga | wujude | nyai wisma amêndhêt bothekannira | nulya ge | anêdahkên wujud tanapi namanya | Silisire ||Lebih satu suku kata: Slisire.

253. Salisir

1. Sampun jinèntrèhjinlèntrèh. sadaya | nyi wisma malih wacana | tumanduke kang usada | mrih istijab utaminya ||

2. Saèstu kêdah ngupaya | ari wuku tigang dasa | pinilih kang pratelakna | asung usada waluya ||

3. Kêmis Lêgi wuku Sinta | lênggahe anjampènana | sakit maripat punika | saèstu dadya waluya ||

4. Ngat Kliwon Tolu wukunya | punika usadanana | sadhengah raga tiarda | tartamtu dumadya mulya ||

5. Slasa Wage Gumbrêg ika | lênggahe anjampènana | tyang ewah kang saking raga | mantuka èngêtanira ||

6. Sênèn Kaliwon Kuningan | lênggahe sung jampi marang | tyang elik dènnya jodhoan | wangsul atut raruntungan ||

7. Sabtu Pon ing wuku Pahang | nandukkên usada marang | jalma ingkang lagya nandhang | sakit tamtu saras girang ||

--- 3 : 330 ---

8. Kêmis Kaliwon panuju | apan Marakèh kang wuku | anjampènana puniku | tyang sakit saras saèstu ||

9. Ngat Lêgi lan Sênènira | Paing Kulawu wukunya | anjampènana tyang roga | istijab têmah waluya ||

10. Punika yèn tan kasêsa | madyane anyingkirana | sangar naas ringkêl jalma | atanapi tali-sawa ||

11. de yèn kêdah sanalika | tumanduke kang usada | sampun was-uwas ing nala | sumendhe karsaning Sukma ||

12. Ki Saloka saya suka | angling kapundhi mustaka | nyai ingkang pangandika | wus tumanêm nèng wardaya ||

13. Ki wisma lon angandika | wontên wirayating kuna | tyang desa têbih ing praja | wus wrêddha sênêng ra-ura ||

14. Pancèn dènmirêng-mirêngna | mring anak putu myang tangga | puniku bilih rinasa | akathah paedahira ||

15. Mas Cêbolang lon turira | prayogi winêdharêna | ulun kêpengin miyarsa | ki wisma gya ura-ura ||

16. Yèn jalma sok dhêmên padu | punika kawongan asu | lamun ginitikan iku | tan na tulung ngaru-biru ||

17. Wong ladak kawongan warak | kumalungkung ngoyak-ngoyak | tan wêlas ragane gupak | êndhut têmah gêlis rusak ||

18. Agahan kawongan gajah | ngêndêlkên gung luhur miwah | têlale gadhinge branggah | blaine lali ing tingkah ||

19. Wong jail kawongan sima | tangèh amriha raharja | sikarèng budi sêdhêngnya | kèh cinampok§ Prayoginipun / rinampok /. pêjahira ||

20. Wong drêngki kaworan tikus | dahwèn panastèn tan arus | baludhus karêm (ng)gadêbus | tan na rêna mung mring lampus ||

21. Wong murka kawongan buta | watak tan wruh bêcik ala | butêng candhala angangsa | têmah asor nistha-papa ||

22. Wong (m)bêlêr kawongan lalêr | gawe risi miwah jêmbêr | amung melik kang dènincêr | sinêrtusinêngguh. iku wus bênêr ||

--- 3 : 331 ---

23. Wong ngiwa kawongan baya | ngrasa tan nana uninga | prandene sakèingsakèhing. jalma | wruh gawene (m)badhog jalma ||

24. Wong climut kawongan lêmut | gunane nunungkul (m)blurut | kèh jalma panas (m)basêngut | dèncablèk kewala mumut ||

25. Wong maling kawongan kala | -jêngking nandukkên antupnya | pramila sakèhing jalma | niyate mung mêjahana ||

26. Pan namung sadasa pada | yèn siyang dènnya ra-ura | sakèndêle bêdhug ika | sadèrènge Asar sunya ||

27. Yèn ratri sabakdanira | Ngisa awit ngura-ura | tumêkèng sanendranira | tanginya saput bantala ||

28. Dados ing sadèrèngira | bêdhug siyang kèndêlira | Asar dumugining Ngisa | tan purun ra-ura maos ||

29. Ujare nêbihkên marang | rijêki satêmah barang | puniku kèngêtaningwang | matur nuwun Mas Cêbolang ||

30. Nahên sampun tigang ari | Cêbolang sarowangnèki | dènnya nèng Wanakartèki | tandya pamit mring ki panti ||

31. Dhuh kyai bilih marêngi | rèhning sampun tigang ari | (ng)gèn-ulun anyunyukêri | wontên ing Wanakartèki ||

32. Sartanipun anampèni | sih kadarmanipun kyai | atanapi nyai ugi | paring sasêrêpan jampi ||

33. Kalangkung nuwun kapundhi | bingahing manah tan sipi | sadaya atur pamuji | dinirgakna yuswa sami ||

34. Ywa kirang juga punapi | lumastari andamari | pêpêtêngipun sasami | mangke bakdaning Subêkti ||§ Prayoginipun / Subêki / = Subuh.

35. Kula sarencang sadaya | nglajêngakên lumaksana | muhung pangèstu panduka | wilujêng tan na sangsaya ||

36. Nyai Kyai Wanakarta | mangayubagya ing karsa | sarta asung pamujyarja | tulus praptèng kang sinêdya ||

37. Myang asung sangu sadhêgan | binungkus ron klaras gêdhang | tanapi jampi racikan | sadaya sampun katampan ||

--- 3 : 332 ---

38. Dupi bakdaning Subêkti§ Prayoginipun / Subêki /. | sasarapan wus miranti | wedang sarbat liwêt brati | sambêlgorèng pête ati ||

39. Pakantuk dènnira bukti | wus luwaran sadayèki | samya ngujung ganti-ganti | wus mêdal saking ing panti ||

40. Ki wisma kalawan nyai | ngatêr praptèng (n)jawi kori | wus lêpas lampahirèki | anduduk mangetan sami ||

254. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Nêngna wau ki Wanakarta kang kantun | nahên ta lampahirèki | Cêbolang sarencangipun | wanci (n)dungkap pajar sidik | mahawan ing têgal alon ||

2. Rarya ngucul maesa lêmbu myang wêdhus | kinalungan gêntha klinthing | rame swaranira umyung | binarung pamêcut muni | klenthang-klonthang thèr-thèr thor-thor ||

3. Kawimbuhan kluruking sata mawantu | pêtoking ayam nyarêngi | pawèstri nosoh myang nutu | kakothèkan mawa gêndhing | kawuryan arjaning dhukoh ||

4. Rajakaya nèng pangonan samya ngrênggut | katang lêdhung gambêng wilis | kewan mêlês lêmu-lêmu | menthok banyak bèbèk brati | nèng lèpèn lit cocor-cocor ||

5. Kang samya ngon ngarubung bèdhiyangipun | binênêman wigêmbili | talês pohung tela kimpul | amung janji mambu gêni | lagya angêt gya binadhog ||

6. Ting kacêmut ngadêg mandhi sulak pêcut | uninga jalma lumaris | nèng têpi pangonnanipun | (m)bêkta tarêbang kakalih | rarya ngon gumrubyuk anon ||

7. Mas Cêbolang sarowangnya tinut-pungkur | tarêbang ingkang cinangking | tinabuhan garan pêcut | ribêt kang samya lumaris | Ki Kartipala anggêmprong ||

8. Ngudubilah bêdhès-bêdhès (ng)glidhig (m)bêsur | ginêmbrang têrbang kakalih | rarya ngon kagèt lumayu | malajêng gya nyêlak malih | têmah kèndêl kang samyandon ||

--- 3 : 333 ---

9. Ki Saloka ngrawut ronning cungcung bêlut | satêkêm pinusus aglis | wus dadya arta sadarum | ingècèr-ècèr nèng margi | sakèhing kang rarya angon ||

10. Rarêbutan mêndhêti arta kang runtuh | lumastari kang lumaris | kapapag jalma wus sêpuh | klênthung-klênthung marang têgil | kandhêg nèng ngandhaping sawo ||

11. Asung salam jawat-tangan sadaya wus | aganti-ganti waradin | ki wêrdawêrdha. alon lingipun | anak kula nilakrami | rèh sadaya nêmbe panggoh ||

12. Pinangka myang sinambat sinêdyèng kalbu | Cêbolang mèsêm nangkêpbinangkêbi. | pratela wutah-rahipun | nama myang sinêdyèng kapti | tanapi umatur alon ||

13. Nuwun ulun nyuwun sasêrêpan èstu | sintên sinambating kasih | ing pundi namaning dhusun | gêmah arjane nglangkungi | ki wêrda mangsuli alon ||

14. Paringdalêm (n)jêng Sinuhun ing Mantarum | kula nami Ki Mastuti | Mêthakan sinungan lungguh | kalihdasa karya siti | ing Pajang Mutihan dhukoh ||

15. Lah puniki tilas karaton satuhu | nagri Pajang duk ing nguni | Cêbolang malih umatur | nguni sintên kang mandhiri | nèng kraton Pajang kang kojor ||

16. Winêdharna paran cariyosing dangu | punapi luluhurnèki | (n)jêng sinuhun ing Mantarum | Ki Mastuti amangsuli | nunggil pancêr sanès oyot ||

17. Nanging mangkya wus kumpul nèng Sri Mantarum | cariyosipun ing nguni | Brawijaya sang aprabu | kang mungkasi Majapait | agami Buddha sang katong ||

18. Putra satus satunggal putri myang kakung | ingkang ulun criyos katri | sadaya botên kawuwus | ingkang angka tiga putri | rêtna Pambayun kinaot ||

19. Ibu Ratu Andwarawati puniku | putri ing Cêmpa nagari | ratu Pambayun kramantuk | Dayaningrat nagri Pêngging | adipati kang palunggoh ||

--- 3 : 334 ---

20. sarêng sampun krama nama Ratu Ayu | Andayaningrat ing Pêngging | puputra kakalih kakung | Kêbokanigara nami | Kêbokananga kang anom ||

21. Ingkang sêpuh têtêp ka-Budan ginilut | sampurna saraganèki | ingkang anèm wus umangsuk | Islam agama kang sukci | têtêp nèng Pêngging sang anom ||

22. Mung sinêbut Kiyagêng Pêngging puniku | puputra jalu satunggil | Bagus Krèbèt namanipun | ramèbu wusing ngêmasi | nulya pinondhongan gupoh ||

23. Mring nyi randha dhusun Tingkir wismanipun | lajêng karan Jakatingkir | bagus sinêkti kalangkung | lalampahan tan winarni | lajêng suwita sang nganom ||

24. Mring (n)jêng sultan Bintara ingkang panutup | kanggêp pasuwitanèki | kinasih pinundhut mantu | jinunjung dadya bupati | ing Pajang sinungan lunggoh ||

25. Siti kawanèwu karya (ng)gih sèwu jung | sasedanipun (n)jêng mulki | ing Bintara wahyunipun | karaton cumlorot ngalih | mring ngriki dadya kadhaton ||

26. Adipati ing Pajang jumênêng ratu | amêngkoni tanah Jawi | Prabu Wijaya jujuluk | puputra kakung myang putri | ingkang jalu mung sawiyos ||

27. Nama radyan Banawa sasedanipun | kang rama Pajang nagari | tan tulus wahyu kadhatun | kraton pindhah mring Mantawis | dene kang jumênêng katong ||

28. Panêmbahan Senapati Ngalagèku | dene dyan Banawa naming | pangeran sêbutanipun | sinung pangkat adipati | ing Pajang puputra wadon ||

29. Warni ayu cahya anuksmèng sitangsu | anama dyah Banowati | dhaup lawan (n)Jêng Sinuhun | Amangkurat Nyakrawati | sedakrapyakSedakrapyak. parab katong ||

30. Sang dyah ayu lajêng sinungan jujuluk | pramèswari Ratu Adi | pêputra (n)Jêng Sultan Agung | ingkang jumênêng samangkin | buyut sultan Pajang yêktos ||

--- 3 : 335 ---

31. Mas Cêbolang rênèng tyas miyarsa wuwus | nyuwun sasêrêpan malèhmalih. | putra kang kakalih wau | dumuginipun samangkin | paran gancaring cariyos ||

32. Mangkya putra angka triwêlas winuwus | kang ibu saking nagari | ing Cina kakasihipun | anênggih Dèwi Subanci | tri wulan dènnira (m)bobot ||

33. Tinrimakkên dhumatêng putra pambayun | Arya Damar awawangi | kang sampun jinunjung lungguh | adipati Plembang nagri | dhawuhdalêm rama katong ||

34. Salêbêting (ng)garbini tan kenging (n)dumuk | mituhu sang adipati | dupi praptèng mangsanipun | (m)babar jalu saha mawi | cahya nêlahi mancorong ||

35. Sinung nama Radèn Patah Radèn Yusup | Dyan Kasan Dyan Praba nênggih | sang dyah têtêp garwanipun | Arya Damar adipati | tan alami nulya (m)bobot ||

36. Miyos jalu ing warna ugi binagus | dyan Kusèn namanirèki | diwasanya kalihipun | nga-Jawi sêdyanirèki | suwita ing sang akatong ||

37. Kang jinujug Sunan Ngampèl Surèngkewuh | Radyan Patah nyulayani | tan laju mring Majalangu | kandhêg anèng Ngampèlgadhing | Kusèn suwitèng sang katong ||

38. Langkung asih sang aprabu Majalangu | pinacak dadya bupati | wontên ing nagari Têrung | Pêcattandha akêkasih | sigêg Dyan Patah kacriyos ||

39. Sunan Ngampèl kalangkung-langkung sihipun | dhasar uning jangkanèki | Dyan Patah pinundhut mantu | dhaup lan putri kang nami | Ratu Jumantên kinaot ||

40. (ng)Gih punika kang jujuluk Ratu Panggung | atut dènnya palakrami | rahadyan minta pituduh | badhe dhêkah kang prayogi | kinèn malampah mangulon ||

41. Bilih manggih galagah gandanya arum | ing ngriku kinèn (n)dhêkahi | radyan lumaksana gupuh | praptèng Bintara wanadri | amituhu ing sapakon ||

--- 3 : 336 ---

42. Anggènnipun babadra datan winuwus | dadya dhusun gêng nglangkungi | kiwa têngên kathah sujud | bubuka pruwita sami | agami Islam kinaot ||

43. Wus kapirêng ing sang prabu Majalangu | dipati Têrung tinuding | animbali rajasunu | praptanira Majapait | wus inganggêp putra katong ||

44. Gya ingangkat anama Dipatya Anung | ngrênggani Bintara nagri | myang winisik têmbenipun | ing Bintara dadya nagri | karan ing Dêmak kadhaton ||

45. Pan ing ngriku santuning agami luhung | atasing dhawuh narpati | adipati klilan mantuk | têtêp jumênêng dipati | nahan risaking kadhaton ||

46. Majapait ing Dêmak dadya nagri gung | sang dipati jumênêng sri | apaparab Sultan Jimbun | Sultan Sah Alam Akbar-i | sasurud-dalêm sang katong ||

47. Tilar putra nênêm putri tuwin kakung | kakunge ingkang winarni | pangran Sabranglèr puniku | kang gumantya narapati | tan alami nulya layon ||

48. Kang gumantos jumênêng nata rannipun | Radyan Trênggana kakasih | tulus ngrênggani kadhatun | garwa putranya sang mulki | Kalijaga wali kaot ||

49. Kangjêng Sultan puputra nêm putri kakung | putra putri kang sumêndhi | Dyah Banar jujulukipun | tinrimakkên Jakatingkir | prabu Wijaya kinaot ||

50. Apuputra rahadyan Banawa wau | besanan lan Senapati | mêdali (n)Jêng Sultan Agung | sampun kapungkur kang kalih | angka patbêlas kacriyos ||

255. Pangkur

1. Sang aprabu Brawijaya | nandhang gêrah rajasinga kang nami | ingusadan sakèh dhukun | nir deya tan waluya | saya ngrêda gêrahdalêm sang aprabu | wanci dalu mirêng swara | dumêling

--- 3 : 337 ---

kinèn nyarèni ||

2. Putri Wandhan warni jênar | linaksanan dyah Wandhan dènsarèni | sapisan thil gêrahipun | sênggang sami sakala | Wandhan jênar anggarbini miyos kakung | sinung ran Bondhankajawan | pinaringkên juru tani ||

3. Nami ki Buyut Masahar | sarêng yuswa wolung taun sang pêkik | pinaringkên kyai Tarub | dhudha putra satunggal | èstri ayu cahya manuksmèng sitangsu | lir murca kinêdhèpêna | paparab dèwi Nawangsih ||

4. Rahadyan Bondhankajawan | sinung nama Dyan Lêmbupêtêng nênggih | diwasanya pinèt mantu | dhaup kalawan sang dyah | Mas Cêbolang angling punapa puniku | Kyagêng Tarub kang akrama | widdhadari Nawangsasi ||

5. Patutan èstri sajuga | Ki Mastuti manthuk-manthuk mangsuli | inggih punika ki bagus | lajênge kang carita | Kyai Tarub datan lami nulya surut | dyan Lêmbupêtêng gumantya | Kyagêng Tarub asisilih ||

6. Puputra tri kalih priya | ragil èstri (m)bajêng Dyan Dhukuh nami | diwasa pinundhut mantu | dening kangjêng susunan | ing Majagung sarta sinung nama sêpuh | Sèh Ngabidulah dalêmnya | ing Wanasaba ngrênggani ||

7. Karan Kyai Wanasaba | kang panêngah Dyan Dhepok kang wawangi | punika ugi pinundhut | mantu ing (n)jêng susunan | Majagung pinaringan nama sêpuh |Kurang satu suku kata: Majaagung pinaringan nama sêpuh. Sèh Ngabdulah dalêmira | ing Gêtaspandhawa nami ||

8. Karan Ki Gêtaspandhawa | ragil èstri Rara Kasihan nami | Kyagêng Ngêrang garwanipun | aran Nyi Agêng Ngêrang | Kyagêng Gêtaspandhawa nulya susunu | jalu èstri kalihwêlas | putra angka dwi winarni ||

9. Bagus Segom namanira | diwasanya Kyagêng Sela wawangi | Kyagêng Sesela susunu | jalu èstri kawanwlas | -putra ingkang kasadasa gya tinutur | Bagus Anis§ Limrahipun kasebut / Ênis /. namanira | suwita ing Pajang ngriki ||

--- 3 : 338 ---

10. (n)Jêng sultan sangêt sihira | pinardikakakên sinungan siti | nèng Nglaweyan dhepokipun | katêlah namanira | Kyai Agêng Nglaweyan tumêkèng surud | sumare wontên Nglaweyan | tan têbih saking ing riki ||

11. Kyagêng puputra dwi priya | kang pambajêng Bagus Kacung wawangi | punika kang kulagalur | Bagus Kacung paparab | Kyai Agêng Pamanahan lumastantun | suwita (n)jêng sultan Pajang | dumadya lurah prajurit ||

12. Sinêlir wira tamtama | Kyai Agêng putranya jalu èstri | tridasa satunggal namung | mêndhêt cêkaking crita | putra angka kalih radyan Bagus Srubut | paparab dyan Bagus Damar | Danangjaya asisilih ||

13. Punika pinundhut putra | ing (n)jêng sultan Pajang sinung kakasih | risang Sutawijayèku | Dyan Bèi Loringpasar | sihing sultan lir putranira satuhu | Kyai Agêng Pamanahan | katrimah dènnya mêjahi ||

14. Arya Panangsang ing Jipang | gya ginanjar pasitèn ing Mantawis | Pamanahan ajujuluk | Kiyagêng ing Mantaram | Nyai Agêng Ênis Kiyagêng Mantarum | lan garwa seda pinêtak | nèng wingking masjid Mantawis ||

15. Sasedanya sultan Pajang | pulung kraton dhumatêng ing Mantawis | Dyan Bèi jumênêng ratu | wontên nagri Mantaram | nanging botên karsa sinêbut sinuhun | amung Kangjêng Panêmbahan | Senapati ing Mantawis ||

16. Seda ginantya kang putra | ajujuluk Mangkurat Senapati | dhaup lawan putranipun | Radyan Banawa Pajang | amiyosi (n)Jêng Sinuhun Sultan Agung | pra luhur linangkung limpat | wontên (n)Jêng sultan Mantawis ||

17. Sukèng tyas Kimas Cêbolang | amiyarsa tuture Ki Mastuti | umatur tatanya arum | punapi tan linarang | ulun badhe jiyarah risang linuhung | kang sumare ing Nglaweyan | pusaka sultan Mantawis ||

18. Sintên kang kinarsakêna | adhêdhepok minangka jurukunci | anggèr sasêrêpan-ulun | kang sampun kalampahan | botên

--- 3 : 339 ---

wontên cêgah walang-sangkêripun | janji sampun angsal lilah | lan ki jimat jurukunci ||

19. Nama Ki Ngabdul Antyanta | prênah kaki kalawan sri Mantawis | arine Ki Ngabdul Julur | ki Sali namanira | anèng dhusun Sala dadya kamisêpuh | punika darah Sesela | kang wayah Kiagêng Anis ||§ Limrahipun kasebut / Ênis /.

20. Samya têdhak Pagêrarga | kaliye samya sinêbut jalmalim | bilih anak sêdya laju | kula angatêrêna | mring Nglaweyan puniki mèh kèndêl bêdhug | wanci Luhure cêkapan | samya wêkdal anèng masjid ||

21. Cêbolang dahat sukèng tyas | lah sumangga kula kang atut-wingking | tandya mangkat runtung-runtung | Ki Mastuti nèng ngarsa | kapiyarsa têngara kênthongan Luhur | lampahira sampun prapta | ing lèpèn mêt toyastuti ||

22. Nulya mring masjid sadaya | Ki Antyanta ngimami wus Usalli | tumuntur kang samya makmum | rahap tumanêm ing tyas | sawabipun kang ngimami jalma luhung | pasèh tartib kêdalira | têtêp kasdu takrul takyin ||

23. Paragat dènnira wêkdal | angluhurkên asmanira Hyang Widdhi | tuwin (n)Jêng Nabi Panutup | anulya sasalaman | Ki Mastuti lawan-tangan saha matur | dhuh kakang kauninganna | kula ambêkta têtami ||

24. Anami Kimas Cêbolang | wus dèn-andhar purwa wasananèki | atanapi sêdyanipun | dènnya ayun jiyarah | Ki Antyanta kawistara sukèng kalbu | dangu mawas mring Cêbolang | rumêsêp sarjuning galih ||

25. Hèh Cêbolang lwih utama | nanging mêngko sabakdanira tahlil | lêrêpa nèng wismaulun | rumakêta tyasira | kayadene nalika ana Mantarum | maring kalulutmu praja | nanging sayêktinê sangling ||

26. Yèn praja gung sarwa ana | yèn ing kene tartamtu sêpa sêpi | Mas Cêbolang nêmbah matur | atut kang pangandika |

--- 3 : 340 ---

kadiparan yèn muhunga muwah-muwuh | têkabur ingkang adhakan | tangèh dumugi ing jati ||

27. (ng)Guguk Ki Ngabdul Antyanta | payo jêbèng mring pasareyan dhisik | wus cinandhak astanipun | Ki Mastuti kalawan | santri catur ki Sali Salama nuju | martuwi tumutur marang | astana sawingking masjid ||

28. Kukus dupa garu ngambar | tapuk tahlil gumrênggêng tan sarênti | sawusing paragat mundur | saking ing pasareyan | Kyai Ngabdul mantuk (m)bêkta tamunipun | pandhapa wus ginêlaran | myang sunggata wus rinakit ||

29. Sapraptanira ing wisma | Mas Cêbolang Ki Sali Ki Mastuti | pinrênahkên dera lungguh | anèng têngah pandhapa | para santri tharik munggèng ngèmpèr ngayun | sunggata lumadyèng ngarsa | pangududan myang tapsirih ||

30. Tinungka wedang nyamikan | wus warata ki wisma ngancarani | lah payo saananipun | êsês tanapi mucang | wedang muhung lumayan ginawe kêmu | nyanyamikan saananya | lumayan ywa ngintir-intir ||

31. (n)Dhêku kang samya sinabdan | angrahabi bujokrama mrakati | Ki Ngabdul Antantya bikut | dènnya sadhiya nadhah | glaran pasir sinasaban sinjang pingul | sêkul ingèn mênthik ngambar | pêcêl ayam jangan mênir ||

32. Tumpêng mêgana nèng têngah | pisang kêpêl balimbing nganan ngering | kinubêng rampadanipun | ulam mawarna-warna | brambang bawang timun sumêrit kinêcut | lalaban kêmangi cambah | sambêl ulêg pêcêl pitik ||

33. Wus rampung gya atur wikan | Kyai wisma lawan tamunira tri | sakawan anadhah kêmbul | sadaya amirasa | apikantuk dènnira manadhah nutug | wusing ngrabasèng woh-wohan | wangsul mring têngah pandhapi ||

34. Wênèh lajêng sês manigan | Ki Mastuti paliman turira ris | rèhning ulun sampun tuwuk | wah wau tan criyosan | dhatêng nyai manawi dènayun-ayun | ulun mantuk mring Mutiyan | sami kantuna basuki ||

--- 3 : 341 ---

35. Nakmas kantuna raharja | jawatasta Ki Mastuti wus mijil | nahênta pra santri sampun | sinung nadhah sadaya | datan pae kalawan bêndaranipun | ki wisma bèr bojakrama | rumakêt mamalading sih ||

36. Arum wijiling wacana | sira jêbèng lan rowangira sami | angasoa marang tajug | nglêrêmakên sarira | Mas Cêbolang marang santrinira catur | manêmbah lumèngsèr samya | maring tajug pondhoknèki ||

37. Sasêgah rêmma mirasa | alumintu pantês tan nguciwani | dhaup lawan wancinipun | tanapi sabên wêkdal | kang ngimami ki wisma kadhang rinipun | Ki Sali ing dhusun Sala | pan dèrèng kalilan mulih ||

38. Bakdaning sêmbahyang Ngisa | pinarakan anèng srambining masjid | amanggihi tamunipun | Cêbolang gung tinanya | duk pinanggih lawan Ki Wanakartèku | sadaya sampun kawêdhar | wasana umatur aris ||

39. wontên kang dados tyasamba | ngandikanya Ki Wanakarta nguni | jangkaning prajèng Mantarum | èstu datan widada | malah têmbe risaking praja tartamtu | wahyuning karaton Jawa | pindhah saking ing Mantawis ||

40. Pratistha ing Wanakarta | mapan ingkang mawa cahya nêlahi | rèh dahat ngungun gêgêtun | pêpêting tyas udrasa | sru kagagas têmah munajat Hyang Agung | punika lamun èstua | pindhahe kêraton Jawi ||

41. Mugi-mugi lêstantuna | salaminya tumêkèng jaman akir | Antyanta mèsêm lingnya rum | atut pamujinira | nanging mirib crita kang wis tinartamtu | jangkaning karaton Jawa | karsaning Hyang salin-salin ||

42. Yayi Sali sira ingkang | paham crita jangkaning Tanah Jawi | lan mara wêdharna gupuh | dimène sutanira | Ki Cêbolang nir rêntênging tyas margiyuh | wêkasan suka narima | ang-Gambuh kang sinung angling ||

--- 3 : 342 ---

256. Gambuh

1. Kalanira sang Prabu | Jayabaya Kadhiri ngadhatun | katamuan pandhita saking Rum nagri | nama Molana Ngalimu | Samsujèn tuhu kinaot ||

2. Putus sanggyaning kawruh | amumpuni ing ngèlmu misuwur | ing pamêca têtês tètès tatas titis | uninga sadèrèngipun | winarah wus katon mêlok ||

3. Sri nata sru kayungyun | miminta sih barkahing ngaluhung | tandya puruita maring sang ayogi | suraosing kawruh luhung | narbuka gaibing Manon ||

4. Sêngkêraning Hyang Agung | wawadose cipta sasmitèku | ingkang uwus kasêbut ana sajroning | Kitab Musarar sadarum | jangka kang bakal kalakon ||

5. Mangkana sang aprabu | Jayabaya tyas ngumala mêrdu | tan na cicir piwulang kang dèntampèni | sadaya sampun kacakup | nèng sanubari gumathok ||

6. Paripurnaning tutur | Sri Narendra Jayabaya uwus | tampi kanugrahan cipta sasmitèki | karsa nganggit jangkanipun | Tanah Jawa kang kalakon ||

7. Pinurwa kalanipun | ingisènan jalma saking Ngêrum | kang kaping dwi tumêka ing dina akir | kiyamat kobra wus gadhug | tutup sakèhing lalakon ||

8. Kinarya tri jaman gung | jaman ingkang wiwitan winuwus | dènaranni jaman Kaliswara nênggih | punika pambabaripun | ungêl-ungêlan sayêktos ||

9. Dene ta laminipun | taun Surya pitungatus taun | pitungatus salikur ing taun Sami | sajroning jaman puniku | kèh swara kang elok-elok ||

10. Kumaraning jagad gung | asring ana kapyarsa gumuntur | gara-gara gêtêr dhèdhèt erawati | wit akèh manungsa luhung | anggêntur tapa mrih kaot ||

--- 3 : 343 ---

11. Sarta kèh jawatèku | ngejawantah nir sarananipun | tumurun ing ngarcapada dumadya ji | kadhang brahmana kinayun | mrih rahayuning sakèh wong ||

12. Jaman madya winuwus | ingaranan Kaliyoga iku | wardinira babaring tuwuhan nênggih | taun Surya laminipun | sapta tus taun kalakon ||

13. Pitungatus salikur | taun Candra jroning jaman iku | asring ana barubah bêlah kang bumi | kadhang ana tanah mawut | dumadya kang pulo-pulo ||

14. Awit ing jaman mau | sêdyaning kang manungsa linuhung | kang ngêmasi akèh kang padha manitis | manuksma majanma§ Prayoginipun / manjanma. èstu | nèng marcapada karaos ||

15. Gantya ingkang winuwus | jaman ingkang wêkasan puniku | ingaranan jaman Kalisêngarèki | wardi bantêring kang ranu | ing taun Surya pinathok ||

16. Lami saptatus taun | de taun Lèk saptatus salikur | ing sajroning jaman iku Tanah Jawi | akèh udan dêrês têruh | kalawan mangsa tan jumboh ||

17. (n)Dhatêngkên banjir agung | kang bangawan ngalih ilinipun | tandha dadya suda barkating kang bumi | adadira andêdangu | kabêgjane sakèhing wong ||

18. Kêdhik panrimanipun | awit dene manungsa sawêgung | panggiluting kawruh tumêkaning pati | ngugêmi ing kawruhipun | pribadi minangka waton ||

19. Jaman gung katri mau | ing sajaman kapetang pipitu | ingaranan Sapta-manggala winardi | dadya jaman alit pitu | bah osik kang wus dhumawoh ||

20. Jroning Pulo Jawèku | ing sajaman apan etangipun | pan ginarba taun Surya sadayèki | kurang luwih nyatus taun | gumantining kang lalakon ||

21. Sajroning satus taun | padha nêlung rambahan puniku | dènwastani Mangsakala têgêsnèki | wasta jaman ngayah-ngayuh |

--- 3 : 344 ---

sarambahaning lalakon ||

22. Tigangdasa tri taun | utawi tridasa catur taun | mangkonèku pamangkatira sang Aji | Jayabaya ênggènnipun | mratelakake lalakon ||

23. Jalma saisinipun | Tanah Jawi ingkang uwus-uwus | kalampahan kacrita ing nguni-uni | atanapi ingkang durung | kawêdhar sampun pinathok ||

24. Ing mangkya kang winuwus | jroning jaman Kaliswara wau | pan kaperang dadi jaman pitu cilik | lah iki pratelanipun | sajroning jaman sawiyos ||

25. Dene ingkang rumuhun | ranning jaman Kalakukilèku | wêrdi jaman Pêksi wahananirèki | jalma padha ting bilulung | kadi pêksi ngupayanggon ||

26. Kang kadwi arannipun | jaman Kalabuddha wardinipun | jaman Nungkul padha kaananirèki | kèh jalma nungkul manungku | mring panêmbahing Hyang Manon ||

27. Kaping tri arannipun | jaman Kalabrawa wardinipun | jaman Murub dene wahananirèki | kèh jalma murka (m)bêrgundung | tan ana panrimèng batos ||

28. Ranning kang kaping catur | jaman Kalatirta têgêsipun | jaman Toya dene wahananirèki | apan akèh udan agung | banjir lir samodra êrob ||

29. Ping gangsal wastanipun | jaman Kaladwabara liripun | jaman elok mungguh wahananirèki | sajroning jaman puniku | akèh kaelokan yêktos ||

30. Kaping nêm wastanipun | jaman Kalaswabawa puniku | wêrdi jaman Rame wahananirèki | sagunging bumi satuhu | akèh prameyan gumalong ||§ Prayoginipun / gumolong /.

31. Ingkang kaping saptèku | jaman Kalapurwa wêrdinipun | apan jaman Wiwitan wahananèki | ing bumi bumi sawêgung | akathah ingkang tumuwoh ||

--- 3 : 345 ---

32. Gantya ingkang winuwus | jroning jaman Kaliyoga iku | apan uga kaperang pitu dumadi | jaman cilik arannipun | lah iki babaring criyos ||

33. Dene ingkang rumuhun | jaman Kalabrata wêrdinipun | jaman Laku mungguh kaananirèki | kèh manungsa amanungku | ulah nastapa mrih kaot ||

34. Kapindho arannipun | jaman Kaladupara puniku | wêrdi jaman Kori wahananirèki | akèh manungsa pikantuk | wawêngan saking Hyang Manon ||

35. Kang kaping tri puniku | jaman Kaladwapara satuhu | wêrdi jaman Mokal wahananirèki | akèh kalakonlalakon. linangkung | nglêngkara (m)barojol waton ||

36. Nahan kang kaping catur | ranning jaman Kalapranitèku | wêrdinira jaman Sêtya wahananing | kèh jalma tumênên tuhu | ing pambudi nora jedok ||

37. Ping lima arannipun | jaman Kalatêtêka punikapuniku. | wêrdi jaman Tigas wahananirèki | akèh jalma manca rawuh | ingkang saking liyan pulo ||

38. Kaping nêm arannipun | jaman Kalawisesa puniku | wêrdi jaman Wênang wahananirèki | kèh jalma katrap ing kukum | jumênêng wawênang katong ||

39. Kaping Sapta rannipun | jaman Kalawisaya satuhu | wêrdi jaman Sikara wahananèki | akèh jalma ingkang laku | pitênah samèng tumuwoh ||

40. Gumantya kang cinatur | jroning jaman Kalisangarèku | pan pinerang dadya jaman sapta alit | lah iki pratelanipun | ing sajaman cinariyos ||

41. Kang dhihin arannipun | jaman Kalajangga wêrdinipun | jaman Sêkar-gadhung wahananirèki | akathah jalma linuhung | olah kaluwihan kaot ||

42. Kapindho arannipun | jaman Kalasêkti wêrdinipun | jaman tuhu Kawasa kaananèki | kèh jalma ulah pinunjul | kasantikan kang katongton ||

--- 3 : 346 ---

43. Katêlu arannipun | jaman Kalajaya wêrdinipun | jaman Unggul wahananing sakèh jalmi | olah karosan sawêgung | amrih kuwating dumados ||

44. Kaping pat arannipun | jaman Kalabêndu wêrdinipun | èstu jaman Babêndu wahananèki | kèh jalma sulayèng rêmbug | dumadya prang lair batos ||

45. Ping lima arannipun | jaman Kalasuba têgêsipun | jaman Suka wahananira kèh jalmi | antuk kabungahan èstu | rêna lêjar sakèhing wong ||

46. Kaping nêm arannipun | jaman Kalasumbaga puniku | wêrdi jaman Misuwur wahananèki | kèh jalma gawe misuwur | mrih kasusra ing lalakon ||

47. Kasapta arannipun | jaman Kalasurata rannipun | wêrdi jaman Alus wahananirèki | akèh jalma sabiyantu | ing budining karahayon ||

48. Hèh jêbèng uwus putus | wêdharing kang jangka jaman mau | karsaning Hyang Sri Jayabaya Kadhiri | tinambahan ing pangawruh | mawujud dadi pasêmon ||

49. Roncènne tan sunwuwus | ing pasêmon amung dunungipun | ana jaman tataning karaton Jawi | pitung rambahan Pinocung | dhewe-dhewe kang lalakon ||

TAMAT JILID III

NYANDHAK JILID IV.

--- 3 : [0] ---

INGKANG NGGARAP LAN NGÊDALAKÊN SÊRAT CÊNTHINI LATIN

[Grafik]

KAMAJAYA, punika nama sêsinglonipun Haji Karkono Partokusumo, pemimpin umum Usaha Penerbitan Indonesia sarta pangarsaning Yayasan Cênthini ing Yogyakarta. Pambudidayanipun ngêdalakên Sêrat Cênthini Latin wiwit taun 1974 (UP Indonesia) engga sapriki (Yayasan Cênthini). Pangangkahipun Sêrat Cênthini ingkang isi bab sadaya Pangawikan/Kabudayan Jawi lan wênang sinêbut Ènsiklopèdi Kabudayan Jawi, sagêda kawaos dening ngakathah, langkung-langkung para mudha ingkang sampun botên paham aksara Jawi, jêr sêrat wau aslinipun aksara Jawi têmbang.

Kamajaya sêsinglon ingkang sampun nyawiji kalihan nama aslinipun (H. Karkono Kamajaya Partokusumo), lair ing Surakarta, sêkolah ing MULO sarta Taman Guru Taman Siswa. Wiwit taksih sêkolah, sampun rêmên ngarang lan ambiyantu sêrat-sêrat kabar lan majalah nasional (dumugi th. 1938), redaktur majalah Pustaka Timur lan Mustika ing Yogyakarta, lajêng mandhegani majalah 'Percaturan Dunia dan Film' ing Jakarta, ngrangkêp redaktur Berita Umum, sêrat kabaripun Parindra (1939-1942).

Ing jaman Jêpang dados redaktur harian 'Asia Raya', lajêng pindhah bagian pênêrbitanipun lan ngêdalakên Almanak Asia Raya 2603/1943. Mêdal saking Asia Raya, ngêdêgakên Sandiwara Caya Timur kalihan Anjar Asmara lan Ratna Asmara. Sandiwara karanganipun 'Solo di waktu Malam' kadadosakên buku (1950) wêkasan film (1954). Buku karangan sanèsipun 'Sum Kuning' (1971) kaolah dados film tuwin buku 'Perawan Desa' (1981).

Ing jaman revolusi phisik wontên ing Sala, sêsarêngan Pak Diro (pènsiunan Walikota Jakarta Raya) ngêdêgakên partai politik Serindo ingkang dados PNI (1946). Ing barisan bersenjata anggota Divisi barisan Banteng, lajêng kalêbêt staf TNI Brigade XXIV.

Tahun 1948 nindakakên ayahaning Pemerintah RI 'nylundupakên candu dhatêng Singapore kalihan Tonny Wen lan Subeno. Asilipun kangge wragadipun perwakilan RI ing Mancanagari, tumbas sênjata lan pêrcetakan. Sasampunipun uwal saking pambujungipun Walandi lan Inggris ing Singapore tuwin Bangkok, wangsul dhatêng Yogyakarta akhir 1949, katungka Yogya dipun jègi Walandi. Sasampunipun 'Yogya Kembali' lajêng aktip ing politik (PNI. Akting ketua DPRD-DIY. anggota Konstituante), ekonomi (ketua KENSI. Konggres Ekonomi Nasional Seluruh Indonesia), sastra budaya (ngarang, cêramah, sarasehan ngantos tumut ngêdêgakên) lan dados wakil kêtua Lembaga Javanologi/Yayasan Panunggalan).

Buku karanganipun basa Indonesia lan Jawi watawis 30 judul. Kêkesahan dhatêng luar nêgêri: Mesir (1958 Delegasi Ekonomi RI). Amerika Serikat (Grant pemerintah AS) lan keliling Eropa (1959-1960), dhatêng Kuala Lumpur, Malaysia (1963). Ibadah dhatêng Mekah 1958 (Umroh) tuwin haji (1974).