Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 4 : [0] ---

SÊRAT CÊNTHINI LATIN 4

YAYASAN CÊNTHINI YOGYAKARTA

--- 4 : [i] ---

SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS)

Yasandalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta

JILID IV

Kalatinakên Miturut Aslinipun dening KAMAJAYA

[Grafik]

Penerbit: YAYASAN CÊNTHINI Yogyakarta, 1988

--- 4 : [ii] ---

Pênêrbitan punika dipunwragadi dening Dana Banpres S.K. No. 030/8/Th.1988 Tgl. 29-2-1988

Babon ingkang kalatinakên

Sêrat CênthiniDitulis dengan huruf Jawa.

SÊRAT CÊNTHINI

Koleksi: Balai Kajian Sejarah Dan Nilai Tradisional Ditjen Kebudayaan Dep. P dan K Yogyakarta

Hak Cipta Dilindungi Undang-Undang

Penerbit: Yayasan Centhini

Pencetak: PT BP. Kedaulatan Rakyat, Yogyakarta

--- 4 : iii ---

PATHOKAN NGLATINAKÊN SÊRAT CÊNTHINI

Pathokan nglatinakên (translitêrasi) Sêrat Cênthini kados ing ngandhap punika:

1. Dhasaring pathokan 'Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan', Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta 1977.

2. Pangalih-aksara muhung miturut aksara Jawinipun. Pramila wontên satunggal têmbung sêratanipun Latin warni-warni, kadosta:

sudigbya - sudibya;

masjid - mêsjid - masjit;

watak - watêk - watag.

3. Aksara Jawi kasêrat Latin:

ca ... kasêrat: ... c

da ... kasêrat: ... d

dha ... kasêrat: ... dh

ja ... kasêrat: ... j

ya ... kasêrat: ... y

nya ... kasêrat: ... ny

tha ... kasêrat: ... th

4. Sandhangan swantên taling (e)Ditulis dengan huruf Jawa. dipunsêrat: /e/.

Swantên taling ingkang beda pamaosipun kalihan /e/, kasêrat kanthi tandha (diakritik) /è/, i.p. tumrap têmbung-têmbung ingkang kaanggêp pêrlu dipunsukani tandha, kadosta:

Èmpêr - èmpèr;

Lêmpêr - lèmpèr;

Gêgêr - gègèr.

5. Sandhangan swantên pêpêt (ê)Ditulis dengan huruf Jawa. dipunsêrat /ê/.

6. Murih runtut saha gampil panglacakipun sabên pupuh dipunwêwahi angka urut: I, II (angka Romawi) sarta pada angka urut: 1, 2 lst.

--- 4 : iv ---

7. Angka urut kaca isining buku jilid 1 angka 1 dumugi tamating jilid 1, kaca 332. Ing jilid-jilid lajêngipun sabên jilid kawiwitan saking kaca 1.

8. Migunakakên têtêngêr:

( ): kangge ngapit perangan wêwahan, kadosta: (m)botên, (ng)gèr, (n)dadosakên.

(?): têtêngêr perangan ingkang mbotên cêtha utawi ingkang risak.

[ ]: ingkang wontên salêbêting têtêngêr punika, botên pêrlu kawaos.

9. Kalêpatan ing dalêm naskah, upaminipun: /gagal/ kaparingan tandha...*) ing wingkingipun, salajêngipun ing ngandhap wontên cathêtan (footnote): prayoginipun /gigal/ = dhawah.

--- 4 : v ---

ISINIPUN SÊRAT CÊNTHINI IV

Sêrat Cênthini jilid IV punika isi 65 pupuh, wiwit pupuh 257 dumugi pupuh 321 ... kaca 1-285

Dene urutipun saha gancaring cariyos kasêbut jilid IV wau kados ing ngandhap punika:

I. Mas Cêbolang dalah para santrinipun nglajêngakên anggènipun lêlana.

Bab Jangka Jayabaya tuwin KiyamatkobraKiyamat kobra (dan ditempat lain).

1. Ki Sali ing Laweyan nglajêngakên katrangan bab Jangka Jayabaya, wiwit jaman Kalawisesa ing jaman Pajajaran dumugi jumênêngipun turun Sultan Erusakra ing Ngamartalaya ngantos dumuginipun Kiyamatkobra ... kaca 1-6

2. Kasambêt katranganipun Ki Atyanta bab Kiyamatkobra miturut Hadis kanthi pratandha ngalamat warni 40 ... kaca 6-11

3. Ki Atyanta dongèngakên lêlampahanipun Sèh Markaban ing Mêsir ingkang sêtya dhatêng rajanipun minangka têpa tuladha, ngalami cobi mawarni-warni, nanging têtêp sêtya tuhu, wêkasan kadodosakên patih ... kaca 11-42

II. Ing Majasta; sawatawis papan sujarahan

1. Mas Cêbolang nglajêngakên lampah dumugi ing Majasta kapanggih Ki Jayamilasa jurukunci pasareyan Jaka Bodho putra raja Majapait ingkang ngrungkêbi agami Islam, nyêkabat Sunan Têmbayat kadhawuhan dêdunung ing rêdi Majasta dumugi ing sedanipun. Lajêng sami jiyarah ing pasareyan Majasta ... kaca 43-47

--- 4 : vi ---

2. Ing sapinggiring lèpèn Dêngkèng wontên wit asêm ing têngahipun mênggik alit. Miturut Ki Jayamilasa wit asêm wau ing jaman kinanipun kangge nancang gèthèkipun Jaka Tingkir. Lajêng kabèbèrakên babadipun Jaka Tingkir nalika badhe suwita dhatêng Dêmak, numpak gèthèk. Lêrêm ing Majasta, gèthèk kacancang wit asêm ingkang tilasipun taksih katingal pinggêt alit ing têngah wau ... kaca 48-55

3. Ki Jayamilasa nyambêt cariyos bab Ki Buyut Banyubiru muridipun Sunan Kalijaga. Turunipun, i.p., Sèh Hèrcaranu sampun aragasukma. Jurukunci Banyubiru pakaryanipun êmpu dhuwung mawi toya wantah ingkang rumêmbês saking sela ing sêndhang Selakapa, Mas Cêbolang lajêng dhatêng Banyubiru.

Ing dhusun Taruwangsa sami jiyarah ing pasareyanipun Ki Agêng Banjaransari; lampahipun kalajêngakên dhatêng sêndhang Selakapa, sami nyêlupakên dhuwungipun piyambak-piyambak, tosanipun katingal mêlês wingit. Sêndhang Purusa, cariyosipun: sintên ingkang nênêpi ing ngriku, badhe pêputra kanthi raharja. ... kaca 56-59

4. Lampahipun dumugi sêndhang Banyubiru ingkang rumiyinipun papan mêjang ngèlmu raos, sarta sami ningali siti ingkang kaangge Jaka Tingkir anggala maesa. Maesa ngamuk, ingkang sagêd nyêpêng namung Jaka Tingkir. Lajêng sami jiyarah ing astana Banyubiru. Mas Cêbolang kapengin kapanggih Sèh Hèrsaranu, dumadakan mirêng suwantên bilih sagêdipun kapanggih Sèh Hèrcaranu benjing

--- 4 : vii ---

mênawi sampun emah-emah wontên ing Wanataka ... kaca 60-61

5. Lampahipun dumugi dhusun Têlêng sumêrêp sêndhang Tirtamaya. Miturut kaol, sintên ingkang adus ing sêndhang cacah sanga ing laladan ngriku, mangka rampung sadèrèngipun plêthèking surya, yêkti têguh timbul tuwin yuwana ... kaca 62-63

III. Mirêngakên bab ulah-asmara tuwin sipating wanita. Mas Cêbolang namur dados èstri ngantos dumugi Sêlaung nyumêrêpi gêsangipun para warok.

1. Lumampah mangetan tumuju dhatêng Pacitan. Ing Girimarta kapanggih Endrasmara, putranipun Kêtib Winong ing Mataram, ing ngayêngngajêng. badhe ngaos dhatêng Panaraga kandhêg ing Girimarta sêsemah Rara Indradi putranipun Kyai Haji Nurgirindra. Endrasmara mila karêm ulah-asmara, semahipun sakawan sami rukun ... kaca 64-68

2. Ing dalunipun rêrêmbagan bab gêsang lan panggêsanganing manungsa tuwin ihtiyaripun. Nyandhak kawruh Tasawuf lan Fêkih, Endrasmara milih Fêkih ingkang mupakat kanggenipun tiyang Jawi. Endrasmara mêdhar bab pratingkahing cumbana tuwin sipat-sipating wanita dalah panggigahing napsu asmara ... kaca 69-75

3. Kyai Haji Nurgirindra ngawontênakên pèngêtan maulud Nabi ngundang Mas Cêbolang dalah para santrinipun. Mas Cêbolang mirêngakên katrangan bab Asma'ulhusna (Asmaning Allah) tuwin khasiatipun ... kaca 76-88

--- 4 : viii ---

4. Mas Cêbolang dalah para santrinipun dhèrèk Haji Nurgirindra dhatêng griyanipun Nyai Wulanjar Dêmang ing Paricara ingkang ngawontênakên wilujêngan pêndhak gêblagipun Ki Dêmang. Mas Cêbolang ingkang katêdha têrbangan kanthi bêksan, sêngaja namur dados pawèstri nama Kèn Suwadi. Bêksan gêgêndhinganipun pêpujian salawat, nggêlarakên lampahan Dewa Ruci, ngèlmu raos tuwin pitutur. Bokmas Dêmang sakalangkung kapranan dhatêng Kèn Suwadi, mila katêdha nyipêng. Panamuripun Mas Cêbolang sakalangkung rêmit; ing dalu badhar sanyatanipun, ewadene malah dados pirênanipun Nyai Dêmang, lajêng posah-pasihan ... kaca 89-120

5. Sawatawis dintên wontên ing Paricara lajêng dhatêng Pranaraga. Ing margi kabegal tiyang sadasa langkung jalaran kakintên kathah sangunipun. Mas Cêbolang tuwin Nurwitri namakakên sihir, barang bêktanipun kasawurakên dhatêng begal katingal dados tiyang sami nanggulangi, wasana begal sami mlajêng. Cêbolang nglajêngakên lampah, nanging kasasar mangidul dumugi têpining sêgantên kidul ... kaca 121-123

6. Dumugi dhusun Karang kapanggih Ki Darmayu ingkang ngrêksa tumbalipun tanah Jawi, Ki Darmayu nêrangakên wontênipun tumbal jalaran nalika tanah Jawi kaisi tiyang saking Rum, sami pêjah dados kurbanipun iblis, setan lan gandarwa. Wêkasan wontên sasmita, kêdah dipun tumbali. Lajêng kadhatêngakên tiyang-tiyang enggal dêdunung ing rêdi Kêndhêng, sami wilujêng bêbadra lan ngrêmbaka.

--- 4 : ix ---

Tumbal wau wontên ing astana Gênthong, ingkang kalangse montên pêthak. Tumbal ing salêbêting gênthong wujud balung sajêmpol, panjangipun sakilan ... kaca 124-130

7. Kapanggih rombonganipun Brahmana Sidhi saking Hindhustan ingkang badhe nyantuni montên langsening tumbal. Sang Brahmana wawanrêmbag kalihan Mas Cêbolang, ngandharakên bab gêgêbênganipun Kabudhan, i.p. tatananing siswa dumugi guru, ajaran gêsang tumimbal, tanha, karma, cakramanggilingan, pambirating panandhang, gêgayuhan ing dalêm kasampurnaning Buddha, ilmu tuwin laku lan sanès-sanèsipun ... kaca 131-146

Mas Cêbolang ngandharakên isinipun Sêrat Rama bab kautamènipun Wibisana tuwin Kumbakarna ... kaca 146-149

Sang Brahmana nyariyosakên lêlampahanipun Sultan Abdulkarim Kubra ingkang nyikara tiyang mlarat, wasana sultan sirna dalah sadaya abdinipun jalaran sami botên purun nilar sang prabu ingkang nandhang dosa, kadosdene pakartinipun Sang Wibisana ... kaca 149-151

Mas Cêbolang nyariyosakên piwulangipun Sri Rama sasampunipun kundur dhatêng Ayodya i.p. bab lêpasing jiwa ingkang patitis ... kaca 152-154

8. Mas Cêbolang dalah santrinipun nglajêngakên lampah, nyabrang lèpèn sumêrêp sawatawis wanita sami gêgujêngan angujiwat. Dumugi dhusun Selaung kapanggih Patinggi Ki Nursubadya sarta lajêng sipêng ing griyanipun. Ingkang ngladosi tamu sadaya tiyang èstri jalaran ing Selaung tiyang jalêr sami ngumbara dados warok, rêmên gêgêmblakan, têbih dhatêng tiyang èstri, pangangge lan

--- 4 : x ---

tingkahipun nelakakên sarwi sêsongaran, ngêndêlakên dhug-dhêngipun.

Mas Cêbolang lan Nurwitri kapapanakên dados satunggal griya; Kartipala, Palakarti lan Saloka dados satunggal griya sanès. Katungka dhatêngipun tiyang-tiyang èstri badhe bêbakulan dhatêng Panaraga nyuwun lêrêm ing griyanipun Ki Pêtinggi, trimah wontên ing èmpèr jalaran enjingipun badhe bidhal mruput. Tibakipun têtiyang èstri wau ingkang sami pinanggh Mas Cêbolang ing lèpèn sabrangan. Mila sami kapiluyu nututi lampahipun Mas Cêbolang, niyat andumugèkakên gandrungipun ... kaca 155-165

Mas Cêbolang sasantrinipun nyatakakên ing pêkên-pêkên para warok sami pêrang tandhing rêbatan "jathil" (lare jalêr kêkasihipun) sami abên kasêktèn ngantos sami tatu adus rah. Langkung ngedab-edabi pêrang tandhing wêkdal arak-arakan ngiring lare supit. Ingkang kawon gumalinting ing siti mutah rah ... kaca 166-172

9. Ing griyanipun Nursubadya kawontênakên têrbangan lêlagon Jawi kanthi bêksan dening Mas Cêbolang sasantrinipun. Jalêr èstri ingkang ningali sami gandrung kayungyun kapengin sihipun Mas Cêbolang. Lajêng kasambêt janggrungan ngantos byar enjang, mawi tombok arta. Angsal kathah, kapasrahakên Nyai Nursubadya ... kaca 173-181

10. Para warok sami ambêkta jathilipun ingkang sami nyandhang èstri, nyuwun dipun dandosi dening Mas Cêbolang sarta supados kawucal ulah wiraga, ulat lan liring. Gêntos Mas Cêbolang nêdha dipunwuruki caranipun gêmblakan. Dalunipun kabèbèr ing pandhapi, solah bawanipun para jathil sakalangkung [sakalang...]

--- 4 : xi ---

[...kung] nêngsêmakên para warok, malah lajêng sami anggêmblak Mas Cêbolang lan Nurwitri, kalintonan bojo lan anakipun èstri ... kaca 182-187

11. Kyai Nursubadya andongèngakên kapanggihipun pathakipun (cumplungipun) Raja Ngêsam kalihan Nabi Ngisa. Pathak kagêsangakên lan nyariosakên lêlampahanipun ing alam pêjah dumugi siksa naraka. Wêkasan kagêsangakên malih, murih martobat sungkêm ing Gusti Allah anut tuntunan agami ... kaca 187-209

IV. Ing Majênang kapanggih Sèh Matyasta; angsal wêjangan bab pikukuhing Islam lan sanès-sanèsipun.

1. Mas Cêbolang dalah para santrinipun sami mangkat saking Sêlaung kanthi nilapakên para warok. Ewadene mêksa wontên ingkang nusul, badhe tumut ing salampahipun. Dilalah pambêng jawab lesus sadaya sami bilulungan, wasana sagêd pisah. Mas Cêbolang nglajêngakên lampah dhatêng asrama Majênang ing rêdi Wilis, sowan Sèh Matyasta ... kaca 210-220

Mas Cêbolang sasantrinipun nglagokakên Sadat Kurès cara Mêntawis, katiru dening santri ing Majênang. Isinipun bab tauhid tuwin karasulanipun Nabi Muhamad ... kaca 221-223

2. Sèh Matyasta nyariosakên satunggaling tiyang mlarat, nglampahi tapa 4 taun, lajêng angsal laelatulkadri rupi sela 3 iji. Bilih sela wau kaumbulakên gêntos-gêntos kanthi panyuwun, yêkti kadumugèn panyuwunipun. Tiyang wau sulaya kalihan semahipun bab drajat lan kasugihan ingkang kasuwun, wasana kamisosolên, kalèntu panyuwunipun saengga sela wau dados tanpa gina.

--- 4 : xii ---

Sèh Matyasta nyariosakên bab adil lan loma. Kasbut ing Sêrat Tajusalatin, adil punika ingkang sapalih wontên ing Prabu Nursiwan Sultan Madayin. Sapalihipun wontên ing ratu sangalam-donya. Makatên ugi loma kabagi dados kalih. Sapalih wontên ratu sangalam donya, sapalihipun wontên ing satunggaling tiyang Arab Tayi nama pun Katim. Para raja sami karoban pawarta bab lomanipun Katim Tayi. Wongsal-wangsul kacobi, tansah kacihna lila-lêgawanipun. Ngantos badhe dipunpêjahi, nyawanipun dipun ulungakên saengga ingkang badhe mêjahi Katim murungakên niyatipun. Sarêng pêjah kuburanipun kabanjiran, kapanggih jasadipun Katim Tayi wêtah kadosdene tiyang tilêm ... kaca 224-233

Ing têngah dalu Sèh Matyasta nêrangakên dhatêng Mas Cêbolang sasantrinipun maknaning Sahadat kalih sarta pikukuhing Islam warni gangsal. Ugi katêrangakên maknanipun bab keblat badan kasar, keblating ngèlmu, keblating rasa tuwin keblating ruh. Katrangan bab alam sakawan, anasir sakawan, bab dhikir sakawan pantha, martabat pitu, ruh sangar, badan alus sakawan, sadaya wau kêdah katampèn kanthi patitis. Sakèndêlipun bêdhug lajêng kêndhuri ... kaca 234-235

Enjingipun abdi pun Pangawe kadhawuhan suluk janturan padhalangan Prabu Ngamarta dalah para kadang Pandhawa kanthi katrangan têgêsing nama sarta watakipun piyambak-piyambak. Kasambêt janturan Prabu Mandura, lajêng Prabu Ngastina, Dwarawati akhiripun janturan Hyang Girinata, sadaya jangkêp tuwin runtut. Kasambêt jêjuluking nata ingkang kangge Wijjêr tuwin ada-ada

--- 4 : xiii ---

nata ngadhaton ... kaca 236-249

Gêntos Nurwitri kadhawuhan mbèbèr janturan ringgit gêdhog jêjêr Janggala. Lajêng kadhawuhan nêrangakên asmaning para ratu dalah patihipun, wiwit ratu ing Mêdhangkamulan, Majapait, Janggala, Ngurawan, Singasari ... kaca 249-260

Sèh Matyasta ngandika bilih ing janturan wayang gêdhog, kathah para waduaji ingkang sami ngabyantara nata, nanging botên kasêbut. Lajêng katêrangakên isinipun Sêrat Waduaji utawi Raja Kapa-kapa bab wadya punggawa tuwin prajuriting nata, sêsêbutanipun tuwin kêwajibanipun piyambak-piyambak. Mas Cêbolang tuwin para santrinipun kadhawuhan nglajêngakên lampah dhatêng Wirasaba ... kaca 260-273

V. Ing Wirasaba têrbanganipun Mas Cêbolang damêl kayungyunipun tiyang jalêr èstri. Pinuju puputan putranipun sang bupati kaul nanggap Mas Cêbolang.

1. Mas Cêbolang dalah para santrinipun dumugi ing Wirasaba njujug ing pêkên agêng. Sêsadeyan sakalangkung pêpak, wiwit sandhang, pangan, sayur, wowohan bumbu, pirantos pawon lan balegriya ngantos balunganing griya, wêlit lss, andhèr kadhasarakên kapantha-pantha. Ing pêkên kathah tiyang èstri kapencut Mas Cêbolang. Saking pêkên lajêng lêrêm ing srambining mêsjid ... kaca 274-278

2. Pêngulu Ki Jamal manggihi Mas Cêbolang sasantrinipun sami kaajak dhatêng griyanipun, lajêng dipunsukani pondhokan ing griya alit cêlak regol. Sasampunipun kêmbul nêdha kalêbêt semahipun Ki Pêngulu kalih pisan, Mas Cêbolang lajêng nyukani angsal-angsal [angsal-...]

--- 4 : xiv ---

[...angsal] sarêm plêtuk, trasi gèsèk, dhorang, gêrèh layur, tigan pasir lss. Adamêl gumunipun nyai pêngulu jalaran dhatêngipun botên katingal nyangking punapa-punapa ... kaca 279-282

3. Para santri sami asih dhatêng Mas Cêbolang lan sami maguru ngaos kitab sarta sinau ngêntrung. Kathah têtiyang kaul nanggap Mas Cêbolang. Pêngantèn ingkang dèrèng atut, sasampunipun katanggapakên kêntrung lajêng sami lulut. Tiyang èstri sami gandrung dhatêng Mas Cêbolang, tiyang jalêr ugi kapiluyu. Angsal-angsalaning tanggapan, sapalih kacaosakên nyi pêngulu, sapalihipun kaêdum waradin dhatêng para santri ... kaca 282-283

4. Garwanipun kangjêng bupati anggarbini sampun lèkipun lan sampun ngêdalakên toya tigang dintên tigang dalu, nanging jabang bayi dèrèng lair. Kathah dhukun ingkang anjagi, sadaya sarujuk kaul, nanggap Mas Cêbolang bilih jabangbayi lair lan ibunipun sami wilujêng. Sang adipati nayogyani. Botên dangu jabangbayi lair lan ibunipun wilujêng. Mila ing dintên puputanipun siyaga ngadani kêntrungan Mas Cêbolang dalah para santrinipun ... kaca 283-285

--- 4 : 1 ---

SÊRAT CÊNTHINI IV

257. Pocung

1. Pitung kraton Pajajaran awitipun | praptèng akir jaman | nanging kang nênêm nagari | lawan ingkang jumênêng sri naraswara ||narèswara.

2. Dhèdhèh sirik lamun kawêdharing wuwus | kalawan sumadya | dadya moncèring pambudi | yèn wus dhaup narima takdiring Suksma ||

3. Têmah datan waonan nanacad gunggung | mring samèng tumitah | miwah jantraning nagari | tyas priyawak kang eling lawan waspada ||

4. Jroning jaman Kalawisesa puniku | apan ana jaman | dènarani Andêrpati | nagrinira ingaranan Pajajaran ||

5. Tanpa adil sêpên udanagarèku | wong cilik wadal mas | sirnaning karaton awit | lalawanan lawan kadangnya priyangga ||

6. Êndi ingkang rosa andadra dalurung | (ng)gènning mangunyuda | mung ing dalêm satus warsi | rusaking kang karaton ngalih nagara ||

7. Kang kapindho araning jaman winuwus | ing Sri Kalaraja | patih Dewaraja nênggih | isih anèng jro jaman Kalawisesa ||

8. Awit ana udanagara lumaku | wong cilik wadalnya | arupa salaka putih | laminira mung ing dalêm satus warsa ||

9. Amungkasi agama Buddha puniku | sirnaning agama | jalaran saka ing nagri | lalawanan lawan putranya priyangga ||

10. Kaping têlu nèng sajroning jamanipun | Kala-awisaya | aran jaman Adiyati | awit ana kukum adil udapraja ||

11. Sumêbaring agama Islam linuhung | myang nagara krama | dene wadale wong cilik | amaligi bau lawan sukunira ||

--- 4 : 2 ---

12. Sirnaning kang karaton jalaranipun | lawan lêlawanan | pitadosing sri bupati | ingkang pinarcaya (ng)gadhuh pêngadilan ||

13. Kaping catur ana ing sajêronipun | jaman Kalajangga | iku lakuning nagari | awit ana pirukune kang prakara ||

14. Wadaling wong cilik sarupanipun |§ Kirang sawanda, prayoginipun / ing sarupanipun /. pawêdaling desa | sirnaning karaton margi | wawan-wawan lawan ingkang putra angkat ||

15. Ingkang kaping lima ana sajronipun | Kalasakti jaman | awit mranata agami | lawan awit pranataning wiryèng praja ||

16. Wawadaling wong cilik pan tinartamtu | sareyal salaka | tan antara laminèki | ana pêrang gawe orêging nagara ||

17. Tinulungan nangkoda kulitnya pingul | prakosèng ranangga | sugih rajabrana pranti | lah ing kono lêrêping mungsuh sadaya ||

18. Sirnaning kang karaton jalaranipun | wawan-wawan lawan | risang Rajaputra nanging | asakuthu wusana dumadya mêngsah ||

19. Ping nêm jroning jaman Kalajaya iku | ana jamaning sang | Kuthila angkara budi | wahananing wong cilik padha (ng)garangsang ||

20. Pindha munyuk amarga ing waktu iku | bangêt larang pangan | dene wadale wong cilik | mêtu reyal uwang salaka têmbaga ||

21. Ing antara dahat tan lami karatun | kasundhang ing rowang | têgêse kang madêg aji | ginantènan padha sanake priyangga ||

22. Tan antara kawit tibaning bêbêndu | kèh jalma kasrakat | ilang barêkating bumi | akèh jalma kang wisma marga papasar ||

23. Sirnaning kang karaton jalaranipun | wawan-wawan lawan | bangsa sabrang kulit kuning | mawa srana tutunggul turun narendra ||

24. Kaping pitu jroning jaman Kalabêndu | ana jamanira | ingaran ratu Hartati | wêrdinipun sarupaning kang manungsa ||

25. Kang kaèsthi tan lyan arta sadayèku | kono ananira | kraton kêmbar tanah Jawi | wawadale wong cilik mawarna-warna ||

--- 4 : 3 ---

26. Ana mêtu wang slaka têmbaga santun | ing ngantara mangsa | mundhak pajêge wong cilik | warna pangan pitik iwèn rajakaya ||

27. Karananya saya lawas saya maju | musibating praja | têmah nir adiling aji | darunanya wonge cilik padapadha. jawal ||

28. Wong agunge padha jail kurang tutur | marma (n)jêng pamasa | tanpa paramartèng dasih | dene datan ana wahyu kang sanyata ||

29. Kèh wahyuning eblislanat kang tumurun | apngaling kang jalma | dumrunuh salin sumalin | wong wadon kèh kang sirna wiwirangira ||

30. Tanpa kangên mring mitra sanak sadulur | tanna warta nyata | akèh wong mlarat mawarni | daya deye kalamun tyase nalangsa ||

31. Krêp paprangan sujana kapontit nurut | durjana dursila | sayarda (n)dadra andadi | akèh maling malandang marang* Prayoginipun / malang /. ing marga ||

32. Bandhol tulus mêndhosol rinamu puguh | krêp grahana surya | kalawan grahana sasi | jawah awu lindhu gêlap clèrèt warsa ||

33. Prahara gung salah mangsa drêsing surur(?) | agung prang rusuhan | mungsuhe boya katawis | tangèh lamun sênêng têntrêming wardaya ||

34. Dalajading praja kawuryan wus suwung | lêbur pangrèh tata | karana tanpa palupi | pan wus tilar silastuti titi tata ||Kalimat yang terdapat pada bait ini dan selanjutnya sama dengan Kalatidha (hanya tembangnya berbeda).

35. Pra sujana sarjana satêmah kèlu | klulun Kalatidha | tidhêm tandhaning dumadi | hardayèngrat dening karoban rubeda ||

36. Sitipati nareprabunaraprabu. utamèstu | papatih nindhita | pra nayaka tyas basuki | panêkare bêcik-bêcik cakrak-cakrak ||

37. Nging tan dadya paliyasing Kalabêndu | mandar sangkin (n)dadra | rubeda angrurubêdi | beda-beda hardaning wong sanagara ||

38. Katatangi tangising mardawa-lagu | kwilêt tyas duhkita | kataman ring rèh wirangi | dening angupaya sandi sumaruna ||

--- 4 : 4 ---

39. Anarawung mangimur sanubarèkusanubariku. | mèncèng pangupaya | ing pamrih melik pakolih | têmah suha ing karsa tanpa wiweka ||

40. Ing Paniti sastra wawarah sung pemut | ing jaman musibat | wong ambêg jatmika kontit | kang mangkono yèn nitèni lalampahan ||

41. Nawung kridha kang mênangi jaman gêmblung | iya jaman edan | ewuh aya ing pambudi | yèn mèluwa edan yêkti nora tahan ||

42. Yèn tan mèlu anglakoni wus tartamtu | boya kadumanan | melik kalling donya iki | satêmahe kalirên wêkasanira ||

43. Wus dilalah karsane kang Among tuwuh | kang lali kabêgjan | ananging sayêktinèki | luwih bêgja kang eling lawan waspada ||

44. Wêktu iku wus parêk wêkasanipun | jaman Kaladuka | sirnaning ratu amargi | wawan-wawan kalawan memaronira ||mêmaronira.

45. Ya ta wau kang samya miyarsa tutur | ngêrês ing wardaya | malongo gorokan salit | manthuk-manthuk tanapi goyang mastaka ||

46. Mas Cêbolang sêrêt ririh aturipun | jaman ngudubilah | punapa sampun mungkasi | punapinggih taksih wontên malih jaman ||

47. Ki Sali ngling jêbèng ingkang iku dudu | pungkasaning jaman | isih ana jaman maning | ingkang ora dadi girising wardaya ||

258. Girisa

1. Saka marmaning Hyang Suksma | jaman Kalabêndu sirna | sinalinan jamanira | mulyaning (n)jênêngan nata | ing kono raharjanira | karaton ing tanah Jawa | mamalaning bumi sirna | sirêp dur angkaramurka ||

2. Marga sinapih rawuhnya | nata ginaib sanyata | wiji wijiling utama | ingaranan naranata | kang kapisan karananya | adêge tanpa sarana | ngadam makduming srinata | sonya ruri kadhatonnya ||

3. Lire sêpi tanpa srana | ora ana kara-kara | duk maksih kinêkêr Sukma | kasampar kasandhung rata | kèh wong katambêhan

--- 4 : 5 ---

ika | karsaning Suksma kinarya | buwana salin alamnya | jumênêng sri pinandhita ||

4. Luwih adil paramarta | lumuh maring brana-arta | nama Sultan Èrucakra | tanpa sangkan rawuhira | tan ngadu bala manungsa | mung sirrolah prajuritnya | tungguling dhikir kewala | mungsuh rêrêp sirêp sirna ||

5. Tumpês tapis tan na mangga | krana panjênêngan nata | amrih kartaning nagara | harjaning jagat sadaya | dhahare jroning sawarsa | dènwangêni kathahira | pitungèwu reyal ika | tan karsa lamun luwiha ||

6. Bumi sakjung pajêgira | amung sadinar sawarsa | sawah sèwu pamêtunya | suwang ing dalêm sadina | wus rêsik nir apa-apa | marmane wong cilik samya | ayêm enake tyasira | dene murah sandhang têdha ||

7. Tan na dursila durjana | padha martobat nalangsa | wêdi wilalating nata | adil asih paramarta | bumi pêthik akukutha | parêk lan kali Katangga | ing sajroning bubak wana | panjênênganing sang nata ||

8. Mung turun kapindho nulya | tri maring bumi Katangga | -kacêpit ing Karangbaya | tumêka ing putra sirna | lawan nêpsune priyangga | gya na kang mandhirèng nata | ing warna nora kuciwa | Asmarakingkin parabnya ||

9. Luwih bagus warnanira | dadya kidunganing wadya | ing Kadhiri kuthanira | turun têlu ngalih praja | ana ing nagri Mandura | nora lawas banjur sirna | dene kang dadya daruna | wawan lawan kakasihnya ||

10. Gya na panjênêngan nata | tri-tunggal padha jamannya | kang sawiji akukutha | bumi Kapanasan ika | dwi Gêgêlang kuthanira | tri Têmbêlang kuthanira | duk antuk tridasa warsa | sulaya sirna sadaya ||

11. Ing kono banjur tan ana | panjênêngan naranata | pra bopati mangka raja | padha angratu priyangga | wit tan nana kang sinewa | ing antara taun nulya | ana ratu sabrang saka | Nungswa Srênggi prajanira ||

--- 4 : 6 ---

12. Jumênêng sri tanah Jawa | kukutha nèng lorwetannya | girindra nama (n)Drêkila | suku wukir Candramuka | ing antara taun nulya | ana wira saking praja | ing Rum nglurugi sang nata | Nungsa Srênggi kang Ngajawa ||

13. Sang nata kasoran yuda | sirna sawadyabalanya | ing kono sang jayèngrana | wira ing Rum karya nata | têrah Sultan Èrucakra | mungguh dènnira kukutha | ana tanah sawetannya | ing kali Opak sanyata ||

14. Linuwih arjaning praja | aran ing Ngamartalaya | turun têlu dhumawuhnya | ing ari kiyamat kobra | umure kang tanah Jawa | kalihèwu-satus warsa | etang saking taun surya | walahualam wus purna ||

15. Cêbolang lêga ing nala | manêmbah alon turira | lêpata ing ila-ila | kamipurun tan wrin krama | wit sampun sêbêl graita | muhung samangke kewala | kalêbêt jaman punapa | Ki Sali mèsêm lingira ||

16. Saka pangira manira | jaman iki bokmanawa | apan kalari tumêka | jaman Kalasakti nama | isih durung paja-paja | tumêkane jaman glura | uwis samene kewala | ora arus yèn dinawa ||

17. Ki Antyanta mèsêm lingnya | basa yayi acarita | ulun kèngêtan sakala | Kadis pangandikanira | (n)Jêng Nabi dinil mustapa | ing ari kiyamat kobra | besuk manawa wus ana | kang ngalamat caturdasa ||

18. Ki Sali matur sumangga | prayogi kawêdharêna | ing mangke sami rinasa | dhaupe kalawan jangka | Mas Cêbolang duk miyarsa | suka amarwatasuta | matur amangayu-bagya | lir mastumimbuling toya ||

259. Maskumambang

1. Ingkang pangandika (n)Jêng Nabi sinêlir | mring para sahabat | kawruhana dèn-atiti | têkaning dina kiyamat ||

2. Têmbe lamun wus ana ngalamat kèksi | patangpuluh nglamat | wijange sawiji-wiji | lah iki ta kawruhana ||

--- 4 : 7 ---

3. Ingkang dhingin akèh masigit gêng alit | pan padha kinarya | bicara sakèh prakawis | dunya nèng jro masjid ika ||

4. Kang kapindho akèh ngulama wong ngalim | karone tan ana | nêtêpi ngalimirèki | myang nêtêpi ngulamanya ||

5. Kaping têlu akèh wong tinggal salati | lan akèh manungsa | padha (ng)gêgampang ngabêkti | wêktuning salat sêmbahyang ||

6. Kaping catur akèh wong kang tan nglakoni | jakat sakadarnya | awit panyananing ati | nora kêna ing patrapan ||

7. Kaping lima marêngi Ramêlan sasi | kèh wong tan puwasa | tur ngèdhèng dènnira bukti | nora wêdi nora wirang ||

8. Kaping nêmme akèh wong kang tinggal maring | kabêcikan lawan | akèh wong kang anglakoni | maring pakaryan piala ||

9. Kaping pitu akèh wong padha ngrasani | ing alaning liyan | sabên kumpulan kawijil | binabar angandhar-andhar ||

10. Kaping wolu akèh wong kang padha wani | ngêdêgakên wisma | utawi sêsaminèki | dumunung anèng kuburan ||

11. Kaping sanga akèh wong jalu nyrupani | ing wong wadon ika | ngangge mas slaka sutra di | wadone nyrupani priya ||

12. Ping sapuluh akèh wong ngilangkên maring | katrisnaning sanak | lan kèh wong nglarakkên ati | mring sasama angganira ||

13. Ping sawêlas kèh wong ujubriya kibir | ing ngibadahira | lali yèn nêtêpi wajib | têngah têkabur sumêngah ||

14. Kaping rolas kèh wong padha pasèk yêkti | amaido marang | parentahing sarak nabi | ngaku wong adil (n)dêladag ||

15. Ping têlulas kèh saksi goroh nyungkêmi | lawan akèh jalma | têmên-têmên angrawruhiangawruhi. | nanging ngaku tan uninga ||

16. Ping patbêlas kèh wong sathithik kang yêkti | akèh doranira | lawan kaduga ngrungkêbi | supata agêgorohan ||

17. Ping limalas kèh wong tan mulyakkên marangmaring. | ing bapa biyungnya | lan jalma kèh datan apti | sisinau maca Kur'an ||

18. Ingkang akèh bêbengkrakan sukak ati | sinau sindhènan | nêmbang lagu warni-warni | ing sawanci-wancinira ||

--- 4 : 8 ---

19. Ping nêmbêlas akèh wong jalu manut ring | ing wadonne ika | lawan wadon boya bêkti | iya marang priyanira ||

20. Ping pitulas kèh wong sugih nora adil | sêngit mring wong mlarat | gêthing marang pêkir miskin | kukum malah ngalap opah ||

21. Ping wolulas akèh ratu ingkang lalim | tekading tyas sasar | mundhut duwèking wong cilik | tangèh darbeya tyas harja ||

22. Ping sangalas akèh wong mulyakkên mring |§ Kirang sawanda, prayoginipun / maring /. wong pasèk jalaran | saking bangêt (ng)gonne wêdi | taha lamun mulyakêna ||

23. Mring wong luhung mring satuhu-tuhu ngadil | lan mring pra ngulama | para salèh para ngalim | têka tyase kurang rêna ||

24. Ping rongpuluh akèh wong kang tan ngrêksa mring | titipaning liyan | malah-malah kumawani | doracara gawe cidra ||

25. Ping salikur akèh wong kang padha bukti | ing rabining liyan | ngèdhèng nora wigah-wigih | nir ing lingsêm nora nyamar ||

26. Ping rolikur kèh jalma matèni jalmi | tur kinaniaya | sarta akèh wong nglakoni | nênung-tinênungan mangga ||

27. Ping trilikur akèh wong kang anglakoni | padha ngombe arak | sasamine kang ngêndêmi | kang pancèn kudu cinêgah ||

28. Ping patlikur akèh wong padha nglakoni | ing panggawe ala | tan wirang samèng dumadi | lan tan wêdi maring Allah ||

29. Ping salawe akèh wong ngalap artaning | anak yatin ika | myang artane pêkir miskin | tanpa wêlas tan riringa ||

30. Ping nêmlikur akèh wong kang anglakoni | sabarang pakaryan | kang ala sakalir-kalir | nora was-was nora wang-wang ||

31. Pitulikur akèh lare sadurunging | ngumur kalihdasa | warsa wus anandhang sami | dhawuk malêtuk wannira ||

32. Kaping wolulikur akèh wong andalih | jina maring jalma | ingkang anglakoni bêcik | tinêtêpkên lamun jina ||

33. Kaping sangalikur akèh wong nglakoni | jina jinajarak | lan wong marang dhêmên maring | padha lanang asahuwat ||

--- 4 : 9 ---

34. Ping tridasa akèh wong mêrdhukun maring | wong ahli petungan | nganggo tambane wong kapir | kèh wong manut marang setan ||

35. Kang kaping tridasa-sawiji sathithik | wong asih-sinihan | lan akèh jalma nglakoni | sêsatron samèng tumitah ||

36. Tridasa-dwi akèh dhumawahing riris | nyulayani mangsa | katiga lir rêndhêng nriwisngriwis. | rêndhênge kadya katiga ||

37. Ping tridasa-tri kèh jalma tan gumati | mulyakakên Kur'an | malah punika kinardi | kasab angupaya boga ||

38. Kaping katridasa-catur amarêngi | tanggal Ramêlannya | dhumawah Jumuwah ari | Riyadi uga Jumuwah ||

39. Kaping katridasa-panca akèh jalmi | ayu bagus mudha | ora wirang anglakoni | mring pakaryan ala nistha ||

40. Kaping katridasa-sad sangsaya luwih | atambah-matambah | panggaweyan tan prayogi | durmala maksiyat ngrêda ||

260. Durma

1. Ana ratu saka nagara Ngajêrah | Sri Ashab awawangi | langkung lacutira | tumuli ana raja | saka Yahman tuhu kapir | Kahani nama | santosa gung nglangkungi ||

2. Ngêndhih marang jalma kèh tur nganiaya | tumuli ana aji | Juhèmi kyatingrat | saka Damsik nagara | tumuli ana narpati | nama Malnguna | Ibnu Ngisiah nênggih ||

3. Rai ciyut miring dawa irungira | atas suwaranèki | netra ingkang kanan | pêcah rêmêk lir wuta | klakuhan pindha têtèki | lawan danarta | marang sakèhing jalmi ||

4. Dadya padha suyud mandar darbe cipta | jalma pêkir myang miskin | lan para ngulama | iku mal srinata |Kurang satu suku kata: iku Malngun srinata. bêcik-bêciking narpati | antara lama | raja Malngun ngêmasi ||

5. Gya na ratu paparab Malngun Ngasiyah | nora darbe agami | nora darbe wirang | matèni pra ngulama | lan matèni wong têtèki | uga angrusak | mring agama Islami ||

6. Sri narendra Malngun Ngasiyah anulya | nglurug maring nagari |

--- 4 : 10 ---

Ngêrum lawan Ngêsam | angambah nagri Ngerag | kalawan nagri Karsani | nagri Rum ingkang | jumênêng narapati ||

7. Prabu Kapti tumanggap magut ngayuda | kasoran angêmasi | nulya Kang Kuwasa | paring babêndu marang | Raja Malngun sawadyèki | sirna sakala | wong Islam samya lair ||

8. Kang kaping tridasa nawa ana raja | Sri Karamès wêwangi | wuwuda kewala | amung rarainira | ingkang nganggo dèntutupi | ngêndhih prajaslam§ Prayoginipun / prajeslam /. | wong Islam pinisakit ||

9. Nanging ningkah Sri Karamès mring wong Islam | wong Islam anggarbini | binêkta mring ngarga | binêdhèl pinatènan | yèn si jabangbayi urip | iku wiwitnya | kabungahan lêstari ||

10. Yèn palastra ingsun§ Prayoginipun / iku /. awit karusakan | binêdhèl wong (ng)garbini | jabang bayi mêdal | urip sakbabunira | waktu iku sakèh jalmi | Islam kumpulan | ngungsi mring Kumpah nagri ||

11. Kang jumênêng natèngslam Prabu Kès nama | Ki Ngabas kang sisiwi | praptanirèng Kumpah | sagung wong gama Islam | tinampèn marang sang ngaji | tandya samêkta | arsa ngrabasèng kapir ||

12. Sri Karamès myarsa arsa linurugan | tandya utusan aglis | prajurit kathahnya | tridasa-èwu ika | ing marga datan winarni | prapta ing Kumpah | wong Islam anadhahi ||

13. Campuhing prang wong Islam karoban mêngsah | yudanira kalindhih | lumayu sarsaran | wadya Karamès mulat | lamun mungsuhira picis§ Prayoginipun / gusis /. | anulya budhal | maring Madinah nagri ||

14. Arsa ngrusak astanane mring Madinah | Sri Kès sawadyanèki | sisane kang pêjah | sangêt prihatin dahat | munajat maring Hyang Widdhi | kasirnakêna | sakathahing prajurit ||

15. Ingkang arsa ngrabasèng makam Madinah | kamurahaning Widdhi | wadya Kramès sirna | cinakot ing bantala | amung kari wong kakalih | kang nora pêjah | supaya tur udani ||

16. Mring ratune tan cinatur lampahira | mangkana tan winarni | Prabu Kès duk myarsa | sirnane mêngsahira | suka amarwata siwi | asru (n)dodonga | suka sihing Hyang Widdhi ||

--- 4 : 11 ---

17. Nglamat ingkang kaping kwandasa pungkasan | yèku jumênêngnèki | ratu kang minulya | Sri Imam Mahdi tama | kalamun anuju sasi | Ramêlan ana | grahana kaping katri ||

18. Ping têlulas patbêlas myang gangsalwêlas | tumêdhak Imam Mahdi | anèng antaranya | rukun kalawan makam | Ibrahim Mêkah nagari | yuswane lagya | sakawandasa warsi ||

19. Ingkang dadya pangarêping wadyabala | Malekat Jabarail | dene pamburinya | Malekat Mingkailla | jumênênge Imam Mahdi | lir Hyang Suleman | kadi Dulkarnaèni ||

20. Wus samono bae kacêkap kinarya | anglimbang jangka nagri | supayane padha | ngêgungkên panarima | rèhne wus kasêbut Kadis | kalawan jangka | kang padha amênangi ||

21. Dhumawahing jaman ing sajamanira | yèn waspada lan eling | kang samya miyarsa | samya (m)bungkuk sadaya | Ki Antyanta angling malih | wis-wis prayoga | carita liyanèki ||

22. Ingkang kêna kinarya têpa tuladha | rèhning winêngku aji | bawaning bawana | jumênêng Ngèksiganda | ratuning wong tanah Jawi | Kalipatolah | bêcik ngupaya tamping ||

23. Ing panganggêp wêdi sihe sang nata |§ Kirang sawanda, prayoginipun / sihira / [atau: asihe]. rikala lawan Sayid | Markaban mardika | jroning Mêsir nagara | Cêbolang matur wotsari | ingkang punika | èstu langkung prayogi ||

24. Ingkang mugi-mugi kaparêng mêdharna | cariyosing utami | kang tumrap korasankarasan. | Antyanta locitèng tyas | nyata luwih bocah iki | wus kawistara | ing sêmu amumpuni ||

25. Solahbawa dhèmês luwês mêrakati | wèh rêsêping sasami | mèsêm lon ngandika | hèh jêbèng pamintanta | caritaning jalma luwih | Sayid Markaban | satuhu mawèh kingkin ||

261. Asmaradana

1. Bubuka nagari Mêsir | ingkang jumênêng narendra | sang Ngabdurahman namane | kotamaning narèswara | kalamun dènucapna |

--- 4 : 12 ---

têlung bêngi boya uwus | cinêndhak ingkang carita ||

2. Sri Ngabdurahman ing Mêsir | ngluluri caritotama | sabên ratri sang akatong | nalêngsêng wismaning wadya | amrih ayuning bala | nahên wontên kang winuwus | makluk pardikaning Suksma ||

3. Sayid Markaban winarni | nganèh-anèhi kang tindak | bèrbudi nyuda rundahe | kang harda dinadya darwa | kaharjan kang jinangkah | pakaryane adol kayu | sinungan kaot karosan ||

4. Sabarang kang dipun cangking | sami lawan wong sadasa | sabên sadina-dinane | mikul glondhong klar tri gangsal | sinade saadêgan | gangsal dukat pajêngipun | kalih dukat dadya nipkah ||

5. Tri dukat pinèt pribadi | dèn-(ng)go tutuku mring pasar | ngundang-undang pakaryane | wong sapuluh wong limalas | prapta dènajak mangan | wusing mangan gya nyalêmpung | mênyanyi lawan jogedan ||

6. Surak-surak sabên ratri | anuju Sayid Markaban | katarbuka rahayune | êbère kudu andadra | nuju ratri sajuga | Prabu Ngabdurahman nuju | langkung ana surak-surak ||

7. Dangu anginjên sang aji | tan ana rêrasan ala | mung bungah kalawan (n)jogèd | sang nata manjing pandhapa | Sayid Markaban wikan | sang prabu sigra rinangkul | sinamudana ngancaran ||

8. Dènajak satata linggih | Sayid Markaban dêlingnya | dhuh wong bagus ariningngongariningong. | payo adhi amamangan | sira sun arsa-arsa | iki barêkahing ratu | kang anyar lan ingkang lama ||

9. Kamurahaning Hyang Widdhi | saanane dipunpangan | lon ngandika sang akatong | kakang apa ana paran | susukan surak-surak | Sayid Markaban sru muwus | ingsun iki asung hurmat ||

10. Iya lawan ratumami | kang lawas lawan kang anyar | sang Prabu Ngabdurahmane | sang nata malih ngandika | kurmatmu pirang dina | sandhingnya lungguh sumaur | adhi lamun raka (n)dika ||

11. Dèn-(ng)go samuwaning lathi | ngurmati prabu adêgnya | sajatine sabên sore | awit kala bocahira | rêmên ngurmati raja | witne duk kala Dyan Ngabdul | Rahman Sayit Nata-dina ||

--- 4 : 13 ---

12. Rikalane salah warni | dadi rêca rakanira | pan sinêrang sabên sore | pinuji inggal mulya-a | ing mangke wus katêkan | Gusti Sayid madêg ratu | sangsaya (n)duduk kinarya ||

262. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh/Mêgatruh.

1. Ingkang mindha warna angandika arum | Sayid Markaban sirèki | apa santananing ratu | apa trah bupati Mêsir | apa trahing sulup kono ||

2. Apa trahing santana saka njêng ratu | Sayid Markaban nauri | dudu trahing rota-ratu | dudu trah mantri bupati | dudu trahing sulup ingong ||

3. Sira iku ujug-ujug ngajak padu | akèh têmên kang pinikir | sun iki têdhaking pikul | tapi ana bêsar ati | ampir sama trahnya katong ||

4. Beta lain pamili dari kèsêr gung | sang prabu ngandika malih | mangka sira sabên dalu | raramèn ngingon-ingoni | apa unggyanira nyolong ||

5. Anauri Sayid Markaban satuhu | dudu têka (ng)gonku maling | barkahe sang Prabu Ngabdul | kamurahaning Hyang Widdhi | ngandika malih sang katong ||

6. Wus sumurup lamun barêkahing ratu | kamurahaning Hyang Widdhi | dene sira nglindhung-nglindhung | dhuwit golèk têka ngêndi | anjabane (ng)gonmu nyolong ||

7. Lintang runtik Sayid Markaban (m)basêngut | sira iku buta-tuli | lamun Gusti Maha Agung | anggêlar murahirèki | kabèh murahing Hyang Manon ||

8. Tanpa netra Gusti Allah lamun (n)dulu | miyarsa tan lawan kuping | yèn paparing nora mulung | kabèh barêkahing aji | kamurahane Hyang Manon ||

9. Ingkang sinung gusti sang Aprabu Ngabdul | sun iki dènbarêkahi | sabên enjing ngambil kayu | alas kidul iki yayi | sang nata ngungun ing batos ||

--- 4 : 14 ---

10. Angecani sasarak dhaharan tumut | anut tumuruning kapti | sigra kondur sang aprabu | (ng)gobyak rêkyana apatih | sang nata ngandika alon ||

11. Bapa dhawuhêna sesuk ingkang esuk | sêngkêran alas pra sami | tan kêna wong ngambil kayu | sandika rêkyana patih | sang nata kondur ngadhaton ||

12. Kyanapatih enjing undhangnya misuwur | tan kêna maring wanadri | Sayid Markaban winuwus | enjing wadunge pinundhi | têpis iring alas ngadoh ||

13. Arsa madung kang darbe rêksan tan asung | mijil wadunge cinangking | jèngklèk-jèngklèk ngikal wadung | angguguk samargi-margi | praptèng praja buruh (n)dhêplok ||

14. Rikat rêsik pan antuk opah sapuluh | nulya mampir wisma kaji | santrine arsa cinukur | sawidak kathahing santri | Kya Kaji wêgah tumonton ||

15. Gupuh Sayid Markaban tumandang nyukur | rong jam sawidak wong rêsik | wènèhan opah tripuluh | gya mampir jarum kulambi | atrap dulman tur kinaot ||

16. Mung sadhela kalihdasa epahipun | katanggungan arsa mulih | mampir buruh bubut-bubut | amalu garenda ngikir | lothung olèhe sawiyos ||

17. (n)Dungkap opah sawidak siji kinandhut | gya-agya dènnira mulih | marang garwa kang salikur | patangpuluh dipun kardi | marang pasar ambêborong ||

18. Olèh pirang-pirang piring dipun tumpuk | nèng ngarsa lajêng mênyanyi | angêrbabangrêbab. nulya nyêlêmpung | sèlèh calêmpung gya ngibing | bakda Ngisa sang akatong ||

19. Têdhak mring wismanya Sayid Markabanu | tundhuk rarangkulan sami | gupuh dera tata lungguh | sang aprabu ngandika ris | kakang iki saya wuwoh ||

20. Wingi ika sathithik saiki agung | Sayid Markaban nauri | yayi barêkahing ratu | kamurahaning Hyang Widdhi | luput kene kêna kono ||

--- 4 : 15 ---

21. Karsanipun Gusti Sayidina Ngabdul | dèn-eman manira yayi | Sayid Markaban puniku | yèn awèt saba wanadri | bokmanawa pinangan mong ||

22. Dadi ingsun yayi amalantên buruh | sapuluh dukat sunolih | insuningsun. banjur buruh nyukur | tridasa sun dènopahi | banjur buruh dondom-dondom ||

23. Ingsun dipun-opahi dukat rongpuluh | banjur buruh angukubi | mung sadukat opahipun | marma akèh yayi iki | sang nata ngandika alon ||

24. Ratunira iku kakang cupar rusuh | matèni wong golèk asil | ratu kapengin mimikul | Sayit Markaban nauri | hèh adhi ywa cocot lonyot ||

25. Ywa maido marang karsane sang prabu | ujêr ratu wus majibi | rumêksa barang tumuwuh | lan gunggung umating Nabi | iya sabên-sabên uwong ||

26. Darbe mata masthi yèn bisa (n)dudulu | nyata murahing Hyang Widdhi | luput ika kêna iku | wis aja pijêr cariwis | payo yayi padha nyaplok ||

27. Prabu Ngabdurahman angêtut sakayun | byar wanci kondur sang aji | praptèng pura adhadhawuh | tan kêna wong buruh mutih | kalawan wong nyukur uwong ||

28. Lan wong buruh (n)dondomi pasthi sinapu | lawan wong buruh ngukubi | warata dhawuhing prabu | Sayidin Markaban enjing | maring (ng)gon wong tukang (n)dhêplok ||

29. Pan kinuya-kuya aris unduripun | aburuh datanpa olih | lajêng mring pasisir nuju | ana juragan gya prapti | dènnira sung-usung repot ||

30. Sayidina Markaban umanjing buruh | lajêng bikut angusungi | dèn-ijèn ênting saprau | sèkêt dukat dènopahi | nglamusi kêmasan gupoh ||

31. Buruh nglamus kalih dukat opahipun | mring (n)gon(ng)gon. wong sayang umanjing | buruh malu dhapêt satu | olèh buruhan sèkêt tri | kang trilikur marang bojo ||

--- 4 : 16 ---

32. Ingkang tigangdasa dèn-anggo tutuku | antuk pirang-pirang piring | gya mênyanyi myang nyalêmpung | ngalêtêr dènnira ngibing | pacak gulu gela-gelo ||

33. Bakda Ngisa prabu Ngabdurahman rawuh | tundhuk nulya dènciyumi | pan lajêng kinèn nyalêmpung | anut miturut sangaji | anêmbang Durma sang katong ||

263. Durma

1. Angandika sang Aprabu Ngabdurahman | kakang caosan iki | têka sabên dina | kabèh awarna-warna | iki (n)gonmu(ng)gonmu. buruh mutih | Sayid Markaban | asru dènnya nauri ||

2. Karsanipun sang aprabu Ngabdurahman | adhi pakaryan mami | kabèh sinalinan | panggawe wingi ika | dadi ingsun mring pasisir | angusung barang | lawan buruh nglamusi ||

3. Lawan malu unggyanne wong padha sayang | barêkahing narpati | murahing Hyang Suksma | tinrap munggèng ing karna | sabab yèn wong buruh mutih | mênèk tan tahan | ambêlangkên dariji ||

4. Buruh nyukur yèn katanggor sayid gumbal | gawe malarat pasthi | lamun (n)domdomana(n)dondomana. | yèn jarum iku patah | nalusup marang dariji | anggawe barah | lamun wong mandhe wêsi ||

5. Mênèk kêna gêni malênthung adadya | gugudhig marang rai | sang nata ngandika | he kakang ratunira | kasêsêr sasare sisir | ratuning setan | akèh dipun-dhèwèki ||

6. Iku layak kapengin mutih priyangga | samakeyan narpati | ingnging§ Prayoginipun / ngling /. Sayid Markaban | aywa cariwis sira | lah payo padha angêmil | angêmal-êmal | panganan piring iki ||

7. Prabu Ngabdulrahman anurut sakarsa | ganti nyalêmpung ngibing | mênyanyi narêbang | enjing sang nata jêngkar | parentah larangan malih | wong ngusung barang | sing palwa dènlarangi ||

--- 4 : 17 ---

8. Myang wong buruh kêmasan myang buruh sayang | samya dipun-larangi | Sayidin Markaban | enjing ambanda tangan | malancong marang pasisir | arsa babêrah | angusung barang malih ||

9. Ingkang darbe palwa lintang kipa-kipa | guguk mèsèmmèsêm. Sayidin | mampir ing kêmasan | lawan mampir wong sayang | pan arsa buburuh malih | kinuya-kuya | Sayid Markaban malih ||

10. Buruh ngangsu ngarit lawan angon unta | lawan nyaponi margi | olèh kawan dukat | gya-agya ulihira | rong dukat winèhkên rabi | ingkang rong dukat | dèn-nggo atuku saji ||

11. Gangsal piring tinata anèng bantara§ Prayoginipun / bantala [byantara] /. | gya nyalêmpung mênyanyi | wanci bakda Ngisa | sang Prabu têdhakira | ningali panganan kêdhik | suka ing driya | iki sintrènku dadi ||

12. Tundhuk lawan Sayidin Markaban sigra | arasan jangga kering | lajêng jajogedan | sang prabu angandika | kadingarèn kakang iki | têka malarat | panganan limang piring ||

13. Anauri alon Sayidin Markaban | barokahe sang aji | murahe Hyang Suksma | caritan kurang-kurang | karsane sri narapati | pan linarangan | buruh ngusung-usungi ||

14. Myang nglamusi kêmasan myang malu sayang | dinukan sri bupati | ing samêngko ingwang | buburuh angon unta | ngangsu nyapu lawan ngarit | mung olèh opah | patang dukat sun yayi ||

15. Sri Sayidin Ngabdulrahman sru ngandika | ratu diksura sirik | kuthane drubiksa | sabên-sabên akarya | niaya sikarabudi | ratu kaparat | Sayid Markaban runtik ||

16. Hèh wong apa sira iku wani nacat | marang ing ratu-mami | sira kênèng sebat | nyuk-nyukan nunjang-nunjang | naruthuk gawemu ngêmis | lambene (n)dobla | (ng)gamblèh dèklèh lir parji ||

17. Sira amung adarma mangan kewala | lawan darma ningali | surak-surak mrina | e e rekane apa | lambe (n)gandhul kurang isi | yèn sira nora | mari ingsun-taboki ||

18. Prabu Ngabdulrahman ngandikèng wardaya | Sayid Markaban iki | lah uwong punapa | bangêt trêsnèng narendra | iku durung

--- 4 : 18 ---

dadi abdi | trêsna kabina | yèn padha harja benjing ||

19. Iki (ng)gonsun antuk papatih prawira | kêna ingsun-pasrahi | bangbang lum-luming-wang | sun katogne tyasira | sang nata lajêng mênyanyi | nyalêmpung bêksa | kundure gagat enjing ||

20. Rawuh pura lajêng parentah larangan | tan kêna buruh ngarit | tuwin angon unta | ngangsu nyapu tan kêna | rata dhawuhe sang aji | kunêng ratrenjang | Sayid Markaban aglis ||

21. Buruh ngangsu kinuya-kuya ing kathah | mèsêm murahing Widdhi | lajêng buruh nyamak | mragat lêmbu maesa | kambing banyak menthog pitik | ingkang pinragat | ngrêsiki got pan olih ||

22. Opah limang dukat sigra ulihira | loro pinaring rabi | tri dèn (ng)go tutumbas | angsal gangsal lancaran | ingadhêp nulya mênyanyi | kalawan ngrêbab | sèlèh rêbab gya ngibing ||

23. Bakda Ngisa rawuh Prabu Ngabdulrahman | mèsêm dènnya ningali | tundhuk ciciyuman | sang nata angandika | ajêg cacaosan iki | (ng)gonmu abêrah | angon unta lan ngarit ||

24. Anauri Sayid Markaban (ng)goningwang | buburuh (m)bêlèh sapi | kêbo wêdhus sarta | menthog ayam myang banyak | ngrêsiki got nglamus kulit | barkahing nata | kamurahaning Widdhi ||

25. Karsanipun iya kangjêng sri narendra | pakaryan pan sinalin | saking bangêt ngeman | aja kadawa-dawa | sang prabu ngandika ris |§ Kirang sawanda, prayoginipun / aris /. lah payo kakang | minggat têka ing Mêsir ||

26. Dudu Mêsir kae kang aran nagara | yèn lunga sira pasthi | sun panci sawidak | dukat ing sabên dina | ênggonên ramèn lan jalmi | Sayid Markaban | mèsêm dènnya nauri ||

27. Tobat eram ingsun miyat marang sira | baud ayun mêdèni | e e têka ana | uwong anguntal tuma | bocah cilik pun jagongi | têka rêrewa | arsa angingu sayid ||

28. Pirang êbab kang katêmu dhapurira | kapengin ngingu mami | sabên sore sira | prapta maring wismèngwang | kumaki arsa ngingoni | angakèn minggat | tan wurung lir maskentir ||

--- 4 : 19 ---

264. Maskumambang

1. Ingsun iki cilik mula wong ing Mêsir | dudu ngulandara | seje lawan sira darwis | ngayawara nora pakra ||

2. Kamurahaning Allah kang ingsun-èsthi | sun pinaring asta | mêsthi dèn-(ng)go golèk asil | nora dèn-(ng)go lincak-lincak ||

3. Ngolah-ngalih salin praja ping sakêthi | kèsi sinangsara | marma sira kèsi-èsi | ujar tyasmu nora lana ||

4. Yèn ngabani mring ratuku tanpa pikir | ya asal mijila | marma sira tan lir mami | kinêthip maring Hyang Suksma ||

5. Sang aprabu nyalêmpung lawan mênyanyi | ngling Sayid Markaban | ngur ngrêbaba sira yayi | sunalêm sunwèhi sêga ||

6. Sang aprabu manthuk-manthuk amênyanyi | Markaban gya bêksa | suraknya sora saratri | enjinge kundur sang nata ||

7. Gya dhadhawuh larangan malih sang aji | tan kêna maragat | samubarang wutah gêtih | ngrêsiki got nora kêna ||

8. Nglamus nyamak tan kêna dipun-larangi | Sayidin Markaban | enjing lunga nyangking bodhing | arsa buruh mragat menda ||

9. Ingkang darbe tan awèh sarwi (ng)gitiki | Sayidin Markaban | suka sukanya tan sipi | lajêng marang panjaitan ||

10. Gya manjait satiwêl sêpatu tuwin | pampus myang canela | tuwin baranging turanggi | bêcik rikat rêsik tata ||

11. Untung olèh dukat kalihdèsi |Kurang dua suku kata: Untung olèh upah dukat kalih dèsi. gya tumut dhikiran | sacêngkèngan olèh siji | lajêng buruh (n)dêrês Kur'an ||

12. Rikat cêtha patang jam tamat barêsih | gya mênyanyi barang | sawlas dukat dènopahi | olèh tridasa dwi dukat ||

13. lajêng mantuk kang limalas marang rabi | dene kang pitulas | dèn(ng)go tutuku wus olih | nênggih sawidak lancaran ||

14. Gya tinata ing ngarsa lajêng mênyanyi | lawan calêmpungan | sèlèh calêmpung gya ngibing | narpa têdhak bakda Ngisa ||

15. Sayid Markaban (n)dulu amalajêngi | adhi bêgja (n)dika | barêkahe sri bupati | kamurahaning Hyang Suksma ||

--- 4 : 20 ---

16. Payo padha ngêmil dipun-mil-êmil |Kurang satu suku kata: Payo padha ngemil dipun mil-êmili. kinêmil-kinêmal | sang nata tatanya aris | sira kakang kauntungan ||

17. Dene akèh têmên kakang saka ngêndi | ngling Sayid Markaban | (ng)gih-(ng)gihane adhi-adhi | barêkahe sri narendra ||

18. Murahing Hyang tan kêndhat sahari-hari | karsane sang nata | wingi kabèh dèn-larangi | dadi ingsun mring jaitan ||

19. Buruh jait mèlu dhikir myang mênyanyi | nulya (n)dêrês Kur'an | iku rupaning narpati | têtêp sugih bae barkah ||

20. Gusti Allah murahe sinèlèh lathi | asal bisa ngucap | datan kêndhat kang rijêki | sanggyan praptaning nugraha ||

21. Nora milih sang nata ngandika aris | bênêr wuwusira | ratumu rêgêding bumi | asugih têmên larangan ||

22. Nora bisa gumlawat dipun-larangi | layak ratunira | têdhake wong dama miskin | dudu têdhaking narendra ||

23. Têdhak nistha Prabu Ngabdulrahman iki | ngling Sayid Markaban | ratuku gusti sang aji | putra Prabu Daniswara ||

24. Dhasar dipun-pundhut putrangkat sri Mêsir | mangsa kurangana | saking rumêksa nagari | wajib kang para narendra ||

25. Kang ngawruhi sabarang ingkang dumadi | wis payo mamangan | (n)dadawa catur tan bêcik | angur mangana panganan ||

26. Sang aprabu anut miturut sakapti | saratri kasukan | enjing kondur sri bupati | rawuh pura dyan dhadhawah ||

27. Aparentah larangan pan nora kêni | buruh mring jaitan | dhikiran (m)barang mênyanyi | tan kêna wong opah-opah ||

28. Wus warata dhawuhipun sri bupati | Sayidin Markaban | mundhuk-mundhuk arsa jaid | lurah jaid datan suka ||

29. (ng)Guyu (ng)guguk Sayid Markaban umijil | ana wong palastra | lajêng buruh andhudhuki | kaluwat sakala dadya ||

30. Gya marani ênggone jalma kang mati | pinikul priyangga | lajêng pinêtak ing bumi | opahnya nyadasa dukat ||

31. Nulya buruh nêgor kayu agêng wiwit | opahe sadukat | lajêng

--- 4 : 21 ---

buruh ngusung panti | ingopahan gangsal dinar ||

32. lajêng buruh ngawinkên wong laki-rabi | angsal kalih dukat | sigra-sigra dènnya mulih | sapta dukat marang garwa ||

33. Dipun angge tutuku ingkang sadèsi | winadhah lancaran | ingadhêp lawan mênyanyi | nyalêmpung lawan jogedan ||

34. Bakda Ngisa têdhakira sri bupati | tundhuk gya rangkulan | Sayid Markaban nyarani | payo adhi padha mangan ||

35. Sang aprabu pangandikanira aris | kakang kauntungan | Sayid Markaban lingnya ris | barêkahe sri narendra ||

36. Pakaryèngong duk wingi dipun-larangi | dadya kauntungan | (n)dhudhuk kruwat ngusung jisim | nêgor kayu ngusung wisma ||

37. Angawinkên marang wong salaki-rabi | sang nata ngandika | sida gêcul raja Mêsir | mèt jarwa sutaning praja ||

38. Anglêmêsi sabarang kang dadya sir |Kurang satu suku kata: Anglêmêsi sabarang ingkang dadya sir. nanging sir kang sasar | Sayid Markaban sru angling | aywa cariwis tukang was ||

39. Sira iku marmane katoring-toring | ujêr murang tata | gawene maon-maoni | karsane kang mutêr jagat ||

40. Layak sira têdhake kere gugudhig | marma tyasmu wadhag | gêgêdhêg rêgêding bumi | nora wêruh kabêcikan ||

41. Diingoni salawase lan sang aji | (n)dadak nyatur ala | dene dhapurira sigid | nanging budimu rasêksa ||

42. Sang aprabu mèsêm angandika aris | sun nora ngawula | kakang mring ratumu iki | durung nate kêmanisan ||

265. Dhandhanggula

1. Sathithika ingsun nora wêdi | mring ratumu Prabu Ngabdulrahman | Sayid Markaban wuwuse | dadine sira iku | tan rumangsa angancik bumi | kasorotan ing surya | kauban ing luhur | apa sira tan miyarsa | kang gumrêmêt kang rumangkang kang marêlipkarêlip. | kabèh kagungan nata ||

--- 4 : 22 ---

2. Jangan nyomèl mulutmu bêrnanti | beta marah pasthi kau beta | pukul kêpalamu londhong | jangan sêtori gandhul | ngur nyênyamik biyar lu baik | sang nata nut sakarsa | susukan sadalu | kondure sang nata enjang | rawuh pura amangun larangan malih | tan kêna wong bêbêrah ||

3. Dhudhuk kaluwat myang ngusung mayit | laya mukram pasthi pinêjahan | ngusung omah ngawinake | tuwin wong nêgor kayu | nora kêna lamun (m)buruhi | warata wong sapraja | winursita esuk | Sayid Markaban ngupaya | padamêlan mangsuli pakaryan nguni | kinuya-kuyèng jalma ||

4. Mèsêm ing tyas sigra buruh nulis | rikat dadya ngrampungi prakara | wusnya lajêng buruh ngêcèt | sèkêt dukat wus antuk | maksih awan buburuh nyungging | sarwi amulas gambar | papat opahipun | sigra-sigra ulihira | pan kapapag wong mikul dipun gêntèni | ingopahan rong dukat ||

5. Nulya lunga gogo marang kali | olèh mina dadi sarèntèngan | didol sadukat payune | dadya lèh sèkêt pitu | nulya mulih angandhut dhuwit | ingkang patlikur dukat | marang garwanipun | ingkang tigangdasa tiga | dipun angge tutuku ring pasar olih | pirang-pirang rampadan ||

6. Tinata ngarsa nulya mênyanyi | lan nyalêmpung sarta jêjogedan | nyandhaki wong liwat sore | ingajak (ng)guyu-(ng)guyu | lan mamangan sarwi mênyanyi | gumanti-ganti bêksa | sang aprabu rawuh | tundhuk lan Sayid Markaban | gya ciyuman sang nata lajêng mênyanyi | pan sarwi calêmpungan ||

7. Sang aprabu angandika aris | iki kakang dene luwih kathah | seje lan wingi-wingine | Sayid Markaban muwus | murahing Hyang barkahing aji | adhi tan kurang-kurang | sari-ari wuwuh | karsane Sri Ngabdulrahman | pagaweyan wingi kae dènlarangi | dadya ingsun babêrah ||

8. Ngêcèt-êcèt ngêmbani prakawis | mulas gambar mikul marang pasar | gogo kali olèh srèntèng | adhi yèn maksih idhup | darbe pikir tuwin pinasthi | rijêkine tan kirang | ngandika sang prabu |

--- 4 : 23 ---

ratunira Ngabdulrahman | tyas muthakil darêngki kalêngki-lêngki | ratu têdhaking kompra ||

9. Brêkasakan ambêsisik busik | cecebuce buthak ngêndhak-êndhak | dipunthothok papantêse | Sayid Markaban muwus | hus wong baring katoring-toring | tanpa kering tan ringa | cocot gatêl (ng)gandhul | sundhupak muncrat wadhuknya | drubiksa dêgsa rêrêgêding bumi |Kurang satu suku kata: drubiksa dêgsura rêrêgêding bumi. sikêthêr kuthèthèran ||

10. Hèh ta ngêndi (ng)gonmu satrumami | lamun tan mari nacat ratyèngwang | kang (m)barkahi mêngko têmbe | tan wêdi gon katêmu | dadi musuh sampe ngêmasi | cubluk sira tan myarsa | kalamun raningsun | iya Sayidin Markaban | ing têgêse Markaban iya kang mêsthi | maknane ya kuleyang ||

11. Pan kuleyang yèn wus tibèng siti | basa bisa bali mandhuwura | ngarsa kluhuran sabdane | (n)dhêku aminta maklum | lah ta uwis kakang ywa runtik | ingsun nut karsanira | sigra sang aprabu | nyalêmpung nulya jogèdan | bangun enjing kondur kanjêng sri bupati | sarawuhirèng pura ||

12. (n)Dhawuhakên lalarangan malih | nora kêna nulis padu bêrah | mulas gambar lawan ngêcèt | lawan wong buruh mikul | gogo mina dipunlarangi | warata dhawuhira | wau sang aprabu | enjangya Sayid Markaban | klênthung-klênthung arsa buruh ngêcèt malih | kang darbe kipa-kipa ||

13. lajêng buruh angusungi wêdhi | ngusung bata lajêng macul gaga | matun lan tatampingane | dhadhangir kêbon agung | ngêtrap gêndhèng angêtrap jobin | angêtrap babalungan | opah dukat pitu | sigra-sigra ulihira | ingkang têlu kinarya nipkahing rabi | dèn-(ng)go tutuku papat ||

14. lajêng dènadhêp lawan mênyanyi | bakda Ngisa sang narendra têdhak | gapyuk ingaras janggane | sang nata ngandika rum | iki kakang têka sathithik | muwus Sayid Markaban | barêkahing ratu | kamurahaning Hyang Suksma | nora kurang-kurang yèn wong sugih budi | karsane sri narendra ||

15. Dènlarangi pagaweyan wingi | dadi ingsun angêtokkên akal | pasang bata ngêtrap gêndhèng | dhadhangir kêbon agung | tamping [tam...]

--- 4 : 24 ---

[...ping] macul matun gagi |Kurang satu suku kata: tamping macul lan matun gagi. ngêtrap balungan wisma | ngusung wêdhi ngusung | bata olèh sapta dukat | sang aprabu pangandikanira aris | kapriye iki kakang ||

16. Puluh kapênging ngumêl-umêli | wong mangkene karsane sang nata | salin-salin larangane | gawe kuwuring kalbu | ya yèn kaya sira pra sami | tan iki kêna ika | luput iki iku | luput iku kae kêna | luput kae kabèh-kabèh jinajahi | sasat awak bawana ||

17. Sayid Markaban aris nauri | uwis padha ayo amêmangan | asal karaharjan bae | tutug sakayun-kayun | amung aja jail mathakil | sumarah karsa Allah | ujêr ratu iku | dadi sulihing Hyang Suksma | darma bae kawula padha nglakoni | wus gambuh ing kawula ||

266. Gambuh

1. Aja kakèhan tutuh | uwis ayo padha mangan nginum | sang aprabu anut miturut sakapti | lajêng dènnira nyalêmpung | enjang kondure sang katong ||

2. Sapraptaning kadhatun | andhawuhkên larangan winangun | nora kêna ngusung bata ngusung wêdhi | macul gaga lawan matun | tamping sawah dhangir kêbon ||

3. Apasang jobin buruh | ngêtrap gêndhèng myang ngêtrap babalung | ingkang kanthi opah dènlarangi sami | ing sapraja wus misuwur | dhawuhira sang akatong ||

4. Sayid Markaban esuk | badhe (n)dugèkakên dènnya buruh | nora nana ingkang awèh dènburuhi | tyasnya kaku lajêng mangsuk | dadi prajurit ing jêro ||

5. Olèh patukon gulu | tigang atus dukat lajêng mantuk | ingkang satus winèhkên nipkahing rabi | dwiatus dèn-nggo tutuku | pirang jodhang pirang gotong ||

6. lajêng tinata ngayun | bak (m)bêlèbèr palataran kêmput | andhèr kongsi prapta sajabaning kori | têpung sawêngkoning lurung | Sayidin Markaban gupuh ||gupoh.

--- 4 : 25 ---

7. Undang-undang sadulur | prasanakan myang wong kang wus wanuh | nadyan ingkang satriya mantri bupati | ingaturan lamun purun | lajêng wong liwat inguwoh ||

8. Watara têlung èwu | ingkang samya inguwuh kang rawuh | suka-suka calêmpungan kinèn ngibing | sarêng ngêbyak nyandhak gulu | gela-gelo sarwi ngêmplok ||

9. Atanjak manthuk-manthuk | sarwi (m)bêlik sora surakipun | lagi rame-rame rawuhe sang aji | sumlêngêrên dènnya (n)dulu | lawan Markaban tan panggoh ||

10. Amiyak lurung-lurung | têngah dalu dènnya sagêd pangguh | lawan Sayid Markaban sri narapati | tundhuk gya ciyum-ciniyum | sang nata angandika lon ||

11. Hèh kakang sadulurku | bêgja têmên kakang sira iku | ngambra-ngambra panganan ngèbêki panti | lubèr anglubèri lurung | untung unggyanmu buburoh ||

12. Sayid Markaban muwus | murahing Hyang barêkahing ratu | nora kurang ing sadina-dina prapti | luput ika kêna iku | ana kanthong nganthong-nganthong ||

13. Yayi karsaning ratu | panggaweyaningsun winginipun | dènlarangi dadya sun manjing prajurit | olèh patukoning gulu | triatus dinar mancorong ||

14. Balanja-ngong rongatus | sabên sasi aja purun-purun | ing saiki ingsun wus dadi priyayi | abdidalêm jro soldhadhu | kang pasthi anggulang pupoh ||

15. Sang nata ngandika rum | manjing prajurit ngêndi sirèku | sinauran umanjing prajurit wuri | mèsêm ngandika sang prabu | ing mêngko sira binêndon ||

16. Iya lawan sang prabu | dene sira surak-surak umung | mêr-gumêmêr pakumpulan sabên ratri | panarkane sang aprabu | bokmanawa dadi mungsoh ||

17. Angraman sira besuk | Sayid Markaban anyêntak asru | sêlak nora gustiku asangga-runggi | aja kaya dhadhapurmu | sugih mênèk dadi blênto ||

--- 4 : 26 ---

18. Jaba ratuning tikus | nora kêna amis dipunambus | yèn ratune Sayid Markaban puniki | pasthi nora kurang maklum | sapratingkah sampun wêroh ||

19. Layak kaya dhapurmu | yèn dadiya ratu tyas blêkuthur | kêthêr nora kêna wong bangsa nyalumik | pasthi sira sêngguh mungsuh | jirèh saking tyasmu rusoh ||

20. Lan mendah piyangkuhmu | ngêbuk wong mêtêng anguntal gunung | ingkang ora-ora pasthi dènrasani | yèn sira dadiya ratu | wong sapraja dhêlog-dhêlog ||

21. Sabab ratu tyas diyu | nora kêna rame binabêndu | ing mangkono maning bisaa basuki | dahwèn opèn murang wadu | tyas muthakil ting pandhosol ||

22. Lamun iki ratuku | sang aprabu Ngabdulrahman maklum | mot mangga mot mêngku sakaptining dasih | tajêm para singgah-singgun | tyas sagara ratuning-ngong ||

23. Witne (n)jêng sang aprabu | yèn mirsaa kabèh pakaryanku | pasthi ingsun kinasihan dipun pilih | dadya gagalan ngong besuk | pinisah lan kancaning-ngong ||

24. Sang nata ngandika rum | sumangkeyan kang dadi suldhadhu | nadyan sira alêma têka ing cilik | ujêr nyatane tan patut | antarane wus katongton ||

25. Yèn ratumu kêmaruk | têdhaking miskin jumênêng ratu | cupar drêngki mêpêti pokaling abdi | antarane pakaryanmu | kabèh linarangan katong ||

26. Apa bêcik puniku | ratu sugih larangan tan mêngku | yèn bênêre ratu dibya nguni-uni | kang kaonang dadi wuwus | pratingkah ora mangkono ||

27. Mung saking pangalêmmu | dhewe nora kêna dipun wuwus | sira iku kakang kêna diaranni | manungsa kêna dèn-blithuk | blêkêthêk nora non tinon ||

28. Saking kêdah-kêdahmu | kanggo ngabdi ngalêm dudu-dudu | ya sapuluh ko(k)-alêm satêngah mati | nyatane wong ora patut | lir wong ngalêm tai lodong ||

--- 4 : 27 ---

29. Rupane kuning ajur | nging gandane ngêbêki praja gung | sira tanpa kusur kurangajar pikir | Sayidin Markaban muwus | hus aja carèwèt mring ngong ||

30. Sirèku budhêg bisu | lamun ratu wajib wruh sadarum | kabèh-kabèh iki kudu angrawuhi§ Prayoginipun / angawruhi /. | rèhning anyar madêg ratu | kudu wruh untunging uwong ||

31. Myang tunanipun makluk | yèn wus kapirsan pêcahe iku | pasthi dipun undhangakên maring abdi | ambuwang laranganipun | pinaringkên sakèhing wong ||

32. Ratu mung kudu wêruh | iku durung witne iku besuk | nacahakên dunyane wong sugih-sugih | lan (n)dangu pawitanipun | (n)dangu pakaryaning uwong ||

33. Kaya pawitan satus | dadi pira ing dalêm sataun | dadi pirang tancêp kang pari sawuli | dadining bras pirang êpun | pirang las saêpun bobot ||

34. Lan mungguh sawah iku | banyu têka ngêndi sangkanipun | kang amêtu sudhètaning kali tuwin | apa mêtu saka êtuk | mangkono sri nata kaot ||

267. Sinom

1. Lawan duwit satus dukat | kang dèn (ng)go waragat sami | dadi olèh pirang sawah | dadi pira dèn(ng)go grami | di(ng)go gadhe sawarsi | ya sapira bathinipun | kang nganggar untung pira | sotyèku pira kang warni | ing sarupa kang gêdhe rêgane pira ||

2. Iku kanggoning narendra | marma aja sira angling | prakara larangan praja | sang prabu graitèng galih | sinamur lan mênyanyi | gya bêksa nulya nyalêmpung | enjing sang nata jêngkar | Sayidin Markaban nuli | anggadhèkkên anggon pêdhang prajuritan ||

--- 4 : 28 ---

3. Linolos sing wrangka myang krang | dadya wilah kang kinardi | pêdhang sarwi ing ngarêngan | pêdhange payu dukat tri | sawiji marang rabi | kang kalih dèn(ng)go tutuku | tinata munggèng ngarsa | lajêng jèngklèkan mênyanyi | calêmpung bakda Ngisa nata têdhak ||Kurang satu suku kata: calêmpungan bakd Ngisa nata têdhak.

4. Tundhuk nulya rarangkulan | sang nata ngandika aris | kakang dene luwih mlarat | tukon (n)dhas apa wus ênting | Sayidin Markaban angling | wus ênting tan nganti wayu | wus mangkono karsèngwang | tan kurang barkahing aji | murahing Hyang ing sadina-dina prapta ||

5. Kagungan-dalêm gadhuhan | pêdhang ngong-gadhèkkên yayi | amung payu têlung dukat | sang nata ngandika aris | iku kakang matiri | kapriye lamun dinangu | paranta aturira | matura blaka kang pasthi | dipunukum anèng ngalun-alun sira ||

6. Sira pasthi ukum pêjah | Sayid Markaban nauri | kudu mati lan pasaja | golèk pati apa maning | dhasar dipun-jênêngi | iya marang sang aprabu | lah ing kono sidanya | katrima dening Hyang Widdhi | mati dipunpatèni sri naranata ||

7. Apa maning dènupaya | mati dènadhêpi aji | pinasthi munggah suwarga | dènaksama mring sasami | aywa uwas sira ri | saka kaèngêtaningsun | gajêgne durung ngambah | nasekat tigang prakawis§ Prayoginipun / limang prakawis / kados ing pada 8 candhakipun. | iku ingkang dadi cacading agêsang ||

8. Kang anyalamur lon tatanya | kakang paran ingkang dêling | nasekat limang prakara | Sayid Markaban marpêki | jangga pinêkul sarwi | angling de dhapurmu bagus | tan wrin rungsiding basa | jêr sira wong kandhang langit | gêgobogmu jèrèngên lah piyarsakna ||

9. Anitèni kang kawruhan | ananing Ma limang sahid | ingkang dadi kalakuwan | awit Ma madat kang dhingin | antuke makolèhi | ing jasat tanapi kahyun | utawi ceda cuba | ujar lumrah dalêm lair | èstu tumraping patrap kang linampahan ||

--- 4 : 29 ---

10. Naracak kang padha rêna | nadhah madat mangkya nguni | dayaning nistha kang warna | sêring cipta kangsayani§ Prayoginipun / noring cipta nangsayani /. | nanging medaning nguni | nala lit lumuh supênuh | sat kala kasêpênan | nir ing barang dènrêmêni | sêdya nêmpuh nora nana dèn-emanna ||

11. Cêpake madat cinacat | cinarita nora bêcik | camah batin yèn wus kocap | cecege ginawe bêcik | campure bangsa bincil | cumèplês sinambi nucup | cagak lènlèk. nalar mêncar | cumêplong nora kacicir | cipta moncèr tyas padhang sarira rêncang ||

12. Ragane karasa pêra | rahsaning rah rêrêm aris | rumangsa sranduning waras | rênguning manah pan aring | rusake saking ririh | rada suwe rada surud | raga saru asarang | rêgêd biru ri kang dhiri | riyak jlagra gora godha dadi lara ||

13. Kapindho ma madon ingkang | kinidung dèrèng kintèki | kang bêcik kalawan mokal | kinawruhan lawan pikir | karasa srêgêp ngikis | kakênan ing nala sêkung | kumanthil angrêreka | katiti nala mèt kingkin | kinulitan tanduking sabda ngrumpaka ||

14. Darapon asmaradana | daladag sêdya bèr budi | dasa ulat gung ginandan | dinulu katonna adi | dalèdèr mondar-mandir | datan tanggon barang tanduk | doyanan palancudan | dorane ginawe sandi | dêlap ulat (m)balêre sugih rubeda ||

15. Tarike wong karêm batal | talendho mring ulah niti | tuhune kêrêp kliwatan | tuman linyok barang warti | tarkadhang tuwuh juti | toging (n)don tinaman rêtu | tumimbal badan rata | tumuli madêg narpati | têkèng muka têngran rajasinga durta ||

16. Sumêrang mahsah§ Prayoginipun / mangsah /. marwasa | rupane bangsa lir jisim | sinalinan sipat siksa | saking rajasinga sangsri | saru sipate kongsi | sisip lêmbir§ Prayoginipun / sisip sêmbir /. nungsung sungsum | supênuh kang nanah basah |Lebih satu suku kata: supênuh nanah basah. sayêkti gêlis ngêmasi | simpangana aja nêrak raga rusak ||

17. Watêke wong minum tuwak | waragang tanapi awis | wite kawuryan samuwa | wani wantêr samukawis | wêdharing wuwus awig | wignya buwang rikuh ewuh | wigar niwêring

--- 4 : 30 ---

awak | wadhèh wadi datan mawi | winawêran wantuning wuru jinarwan ||

18. Limpat têtêg barang polah | lalu lumuh lamun lilih | lali ngaraling kawula | lacude tanpa kêkêlir | lir sang kukila angling | lukita katon (m)balilu | lena lir lodrakala | lèke sura suka julig | luhur bae asore nora winilang ||

19. Puwara dasate§ Prayoginipun / jasade /. lupa | parusaning naya tipis | pugut parabote kaprah | prapta camahe nanggapi | pêndhak jalma nyurupi | pinindha padhaning rapuh | padharan rêmpu-rêmpak | pulang rah utama tapis | papas pêpês sarira anandhang papa ||

20. (n)Dhêdhêg dhêndhane tumêdhak | (n)dharêdhêg kaya kajodhi | dhonging ngarak lamun têdhak | (n)dharêdhêg anglir badhidhing | dhadhakane angêndhil | dhudhukuh laraning wadhuk | dheke apulang kandhang | dhuh pra mudha kang asandhing | dhêngêrêna min minum dipun kadhadha ||

21. Jêjêr main kang pinajar | jalèntrèhing ujar wajib | juju mujur ingkang bêgja | jinurung prasasat aji | jugruge lamun rujit | jalojogan tanpa traju | jungkung kang ngajap-ajap | jayaning main pinuji | jumênêng adêging badan antuk jajan ||

22. Yayah angudi-udiya | yèn mênang klimênge pyayi | yatrane siniya-siya | yak-yuk sasat slawat mayit | yèn kalah poyang-paying | yungyun nguyu-uyu tayuh | yangyanging tyas tangiya | yoga wasita kang takyin | yèn wus rohyat mangsah mungsuh tanpa sayah ||

23. Nyuprih pulihing jayanya | nyanane nora malênyik | nyatane linyok tur sonya | nyinyilih ginawe tabir | nyaut anunyik-unyik | nyêngkut nyêngka budi lunyu | nyamah lair batinnya | nyat-nyut tyase monyar-manyir | nyaba tangga buwang dhiri satekatnya ||

24. Murang margane utama | mung marsudi dènnira mrih | mênang main wuwuh mamak | mêjanani marang bumi | miwah tuturing umi | mawut kang kaetung namung | main sire utama | manungsa kaprah sasami | marènana mamain ambuwang lumrah ||

--- 4 : 31 ---

25. Gantya mamaling ginagas | ginupita lawan anggit | gunane maling tan wêgah | gêgêmpur omah tan wigih | gumêrgut ngunggih-unggih | (ng)gènning barang ingkang agung | golèk gunêm jujugan | gêgolonganing wong sugih | ginagapan pagêr lawang kang tinêngga ||

26. Barêng antuk guru kabar | baranging wong dènrêrumbing | binasmi miwah binabah | babar ji ginawe kibir | (m)bodhokkên sarak Nabi | (m)barêngkut abubut-bubut | bandhane wong binebas | barêng kacandhak (n)jêbimblik | binuwang mring sabrang brung ragane bubrah ||

27. Thèthas-èthèse wus brastha | thilang-thilung kêthip-kêthip | thok-thêle manthêng wus wistha | thukule pakarti nisthip | thir yatna anrang wèsthi | thik-ithik dadya bêkthuthu | thuskarda mring kanisthan | thik lumêksa misih ngêthip | thênthasura babar tanduke rèh dhustha ||

28. Ngingêr wênganing kelangan | ngancut ngarah rina wêngi | ngulatake (ng)gon cèlèngan | mangka ngukup sabên sasi | ngrurusak ngêngis-êngis | nguruti praja winangun | ngampak mamalaningrat | ngeja angaji ngilangi | ngruwal jalma duskarti yoga ilanga ||

29. Apa wus mangêrti sira | poma wêkasingsun yayi | upama ingsun kinisas | dhigus kariya basuki | ning aja anglakoni | sang prabu micarèng kalbu | lah ta iki wong apa | gathok sabarang dèn-angling | tan nyalinthut wani tatanggoran kitab ||

30. lajêng kondur sri narendra | dalu-dalu angundhangi | sagung para wadyabala | kinèn siyaga ing jurit | sang prabu enjing-enjing | arsa angisas wong luput | kalêbu kukumolah | rata dhawuhe sang aji | enjing kumpul baris agung wadyabala ||

31. Munggèng alun-alun aglar | satriya mantri bupati | sumewa nèng pagêlaran | tuwin sang rêkyanapatih | sagung para narpati | wus lênggah ing palowadu | sang Prabu Ngabdulrahman | wus miyos sing kênyapuri | pan ingayap sagung pacara wanudya ||

32. Sapraptaning panangkilan | lênggah dirgamana rukmi | wadya gung-gung (n)dhêdhêp sadaya |Lebih satu suku kata: wadya gung (n)dhêdhêp sadaya. sang nata ngandika aris |

--- 4 : 32 ---

paman patih dèn-aglis | têtêpining tarub agung | golèkana dhampar mas | loro singupana sami | lah piyakkên singupe ing sawatara ||

33. Ingsun bakal ngukumolah | kawulaningsun pawèstri | bocah manggung kukum pêjah | sagung kang para prajurit | majuwa siji-siji | bocah sikêp pêdhang sagung | ingkang andhinginana | sandika rêkyanapatih | ngarêp tratag sampun pinasangan dhampar ||

34. Wadyagung sampun ngundhangan | sang nata ngandika aris | hèh bocah wadon matura | mring gustimu yayi dèwi | ingsun mundhut pawèstri | abdine wong loro manggung | Dèwi Kalpikarêtna | lan Dèwi Kalpikamurti | dipun inggal sun-pundhut mring pagêlaran ||

35. Arsa ingsun ukum kisas | wotsari duta pawèstri | lumèngsèr saking byantara | prapta ngarsane sang putri | matur saha wotsari | amba gusti dipun utus | rakadalêm sang nata | amundhut manggung kakalih | Kalpikadimurti Kalpikadirêtna ||

36. Kagyat kangjêng narèswara | pangandikanira aris | kapriye ingkang dhadhawah | di(ng)go apa mundhut èstri | umatur cèthi tuding | inggih badhe dipun-ukum | wontên ing pagêlaran | mrêbêng kangjêng pramèswari | waspa mijil nanging lintang jrih ing raka ||

37. Mangangên-angên wardaya | apa dosane kakalih | suningu duk cilik mula | tan duwe dosa samênir | diwasa durung mukti | wasana arsa dènukum | sêrêt kang pangandika | yayi Kalpikadimurti | iya lawan kusuma Kalpikarêtna ||

38. Sira pinundhut sang nata | yayi ywa mandhêg tumolih | dudu sira ingkang dosa | saking gunging dosamami | sunatêrkên pribadi | putri kalih sarêng matur | gusti sampun sumêlang | karsanipun sri bupati | sabab rakadalêm pangawak banawa ||§ Prayoginipun / bawana /.

--- 4 : 33 ---

39. Wruh obah osiking kwula |Kurang satu suku kata: Wruh obah osiking kawula. rakadalêm namung darmi | nglanturkên karsaning Suksma | pramèswari nabda malih | duta matura aglis | iya marang sang aprabu | rèhne sri naranata | karsa anglunas pawèstri | dadi ingsun nyuwun idin paring hurmat ||

40. Mring bocah ingkang kinisas | sunatêr marang satinggil | (m)bok duta sarêng umentar | prapta ngarsane sang aji | katur aturing sori | mèsêm ngandika sang prabu | dènenggal angatêrna | wus wajibing pramèswari | angatêrkên wanudya kang kukum kisas ||

41. Nêmbah nyai duta mentar | praptèng ngarsane (n)jêng sori | dhawuh timbalan narendra | gusti tuwan dèntimbali | ngatêrna putra kalih | pramèswara gupuh-gupuh | nganthi Kalpikarêtna | Tejaswara sang suputri | Dyah Kalpikadimurti kinanthi sigra ||

42. Tandya mijil pramèswara | ginarêbêg para putri | gupita Prabu Kosarsah | myarsa kabaring pra putri | kalamun pramèswari | têdhak marang sitiluhur | (n)jênêngi dènnya nglunas | putra pamanggung kakalih | sang Aprabu Kosarsah nusus§ Prayoginipun / nusul /. kewala ||

43. (n)Jêng Sori Ayansabitah | sapraptanira sitinggil | lajêng lênggah anèng dhampar | lawan sagung para putri | putri manggung kakalih | sampun katur sang aprabu | wus lajêng kinèn lênggah | nèng dhampar kang dènsingubi | putri kalih sampun nèng sisingub lênggah ||

44. Dhawuh§ Prayoginipun / Rawuh /. sang Prabu Kosarsah | Prabu Ngabdulrahman aglis | hurmat mudhun saking dhampar | myang sagung para narpati | wus samya tata linggih | ngandika Kosarsah Prabu | hèh kaki prabu dibya | punapa gupitèng ati | sira asra nglunas jrudêmunging pura ||

268. Jurudêmung

1. Dosa apa karo ika | lawan dyah jroning kadhatun | Sri Ngabdul manêmbah matur | kalintang wados dosanya | ulun datan kenging [ke...]

--- 4 : 34 ---

[...nging] matur | mangke tamtu kauningan | Prabu Kosarsah sru ngungun ||

2. Sri Ngabdul alon ngandika | hèh patih dhawuhna gupuh | para lurah prawira-nung | timbalana mring ngarsèngwang | kya patih manêmbah laju | (n)dhawuhkên timbalan nata | marang lurah prawira-nung ||

3. Wus prapta byantara nata | pangandikanira arum | padha majuwa sadarum | sêdaya sigra anyêlak | bisik-bisik sang aprabu | lajuwa sajuga-juga | ngunusa pêdhang sadarum ||

4. Sirèku anjênêngana | nanging ing saliyanipun | Sayid Markaban sadarum | pamêdhange wurungêna | mung Sayid Markaban tamtu | êkonên mêdhang têmênan | nêmbah sandika wus mundur ||

5. lajêng anindhihi wadya | tambur brang-brangan gumuruh | sajuga-juga gya maju | pêdhang liniga kumêclap | pramèswari tyas kumêpyur | nir-ênir tarataban |Kurang satu suku kata: nir-êniran tarataban. marawayan mêdaling luh ||

6. Para lurahe prawira | (n)jênêngi pamêdhangipun | sabên prapta ngarsanipun | ing dyah kalih kang kinisas | wurunging pamêdhangipun | mangkana sadangunira | pêdhang tan ana dhumawuh ||

7. Kabênêr Sayid Markaban | praptèng ngabyantara prabu | asruning pamuwusipun | hèh sagung kang para lurah | mugi sêksènana ulun | wanudya kalih punika | sêpên ing dosa sadarum ||

8. Ingkang minangka pratandha | pêdhang-ulun niki lamun | dadya wilah wujudipun | yêkti botên dados dosa | milihbilih. pêdhang maksih wutuh | pawèstri ro têtêp dosa | tartamtu katrap ing kukum ||

9. Sêbrak tinarik pêdhangnya | lêmês warni wilah wulung | Sayid Markaban angguguk | latah angling dhasar nyata | sêpên dosa wanodyèku | para lurah sarêng nyêlak | sarênging pamuwusipun ||

--- 4 : 35 ---

10. Lah ta inggal tamakêna | ywa têlangke pamêdhangmu | Markaban mathênthêng matur | paran yèn ulun-lajêngna | lan napa wontên ratu |Kurang satu suku kata: lah punapa wontên ratu. mêjahi wong tanpa dosa | ulun purun praptèng kukum ||

11. Nêtêpkên wadon punika | nir dosa saking saglugut | yèn kinisasa saèstu | nandhang babênduning Suksma | awit kang mêngku kaprabun | kurang titi pamariksa | tan adil natrapkênngêtrapkên / matrapkên. ukum ||

12. Ingkang minangka pratandha | asalipun pêdhang ulun | wêsi kimpling landhêp ampuh | mangkya pêdhang nandhang walat | dadya wilah gopok kluwus | pra lurah ngungun ing driya | nulya munjuk ing sang ulun ||

13. Wus katur sasolahira | mèsêm suka sang aprabu | wasana ngandika arum | hèh bocah wadon dèn-enggal | manggung loro boya kukum | ingsun wus paring aksama | aturêna nimbok-ratu ||

14. Wus katur putri kalihnya | sukèng tyas dayita prabu | myarsa (ng)gyanning dara arum | paglaran kang winarsita§ Prayoginipun / winursita /. | sang nata ngandika arum | Si Markaban timbalana | sumiwi ing ngarsaningsun ||

15. Wus kerit Sayid Markaban | praptèng ngarsa makidhupuh | sasêdhokan sêmbahipun | tumungkul konjêm pratala | sang prabu ngandika arum | apa sira si Markaban | kang sinung ling nêmbah matur ||

16. Nuwun inggih pun Markaban | sang nata ngandika arum | hèh apa sababirèku | dene sira tuhu karya | ing kalingsêmaning ratu | ngêndi ana prawirèng prang | têka wilah pêdhangipun ||

17. Markaban umatur nêmbah | abdidalêm prawiranum | pêdhangnya tosan sadarum | inggih mung ulun priyangga | ingkang malih warnanipun | wit pukulun ingkang karya | jêr badhe ngisas dyah ayu ||

18. Tan nandhang dosa satuma | pukulun wajib katêmpuh | ulun dhêndha sababipun | damêl susah wirang-amba | ngapusi wadya sawêgung | lêdhok ilining kang toya | dhawah kawula kang kojur ||

--- 4 : 36 ---

19. Sang prabu aris ngandika | bocah wadon loro mau | padha anandhang dosa gung | tan ala nganggur karsèngwang | Sayid Markaban umatur | (n)jêng pandukapaduka. tan sanyata | ingkang dados cihnanipun ||

20. Sabêt-ulun dados wilah | Pangeran kang maha luhur | ri kang sipat NgalimunKurang satu suku kata: ri kang sipat Ngalimun. | datan kenging ginorohan | sakêdhap dosanya konus | sang prabu suka kalintang | mèsêm angandika arum ||

21. Sira iku jalma apa | nora sêmbada ing atur | nanging tan nlisir sarambut | têka dadi sukaningwang | hèh patih sira wus sêpuh | samêngko sun-junjung pangkat | raja ngêmonga putumu ||

22. Ki pangeran adipatya | sarta mêngkuwa sirèku | ing wong kaputran sadarum | kya patih nêmbah sandika | ing kono pan wus misuwur | patih jinunjung lênggahnya | madêg raja among sunu ||

23. Ngandika malih sang nata | hèh sagunging para ratu | kalawan kawulaningsun | wong Mêsir sadayanira | rèhning paman patih uwus | ingsun-adêgake raja | nging tan darbe suta jalu ||

24. Ingkang minangka atmaja | si Sayid Markaban iku | sun sêngkakkên maring luhur | gumantiya dadi patya | lêstariya arannipun | manindya-mantri Markaban | mangayubagya pra ratu ||

25. Ngandika malih sang nata | patihPatih. Markaban sirèku | wus têtêp warangkaningsun | kang sun-gadhuhkên mring sira | parentah lan pangrasèngsun | ngêtrapkên hwa§ Prayoginipun / ywa /. taha-taha | mring sagung nayakaningsun ||

26. Miwah mring santananingwang | ywa wang-wang dumèh wong agung | kawimbuhan santanèngsun | lawan aywa anggêgampang | cilik dèn(ng)go ala nganggur | sadhengah kawulaningwang | kang apadha alaku dur ||

27. Ingkang sisip lakunira | gêdhe cilik asor unggul | patrapana dhêsthanira | jêjêging kang pangadilan | kang kalayan dhêndha iku | iya dhêndhanên ywa wang-wang | tan susah konjuk maringsun ||

--- 4 : 37 ---

28. Wis sah ing sira pribadya | sanadyan santananingsun | nanasar nalisip laku | ywa talangke tumindaknya | manawa wus pancèn kukum | iku banjur êtrapêna | timbange lan dosanipun ||

29. Kabèh prakaraning praja | kang mrih widadaning ayu | ingsun wus tan mèlu-mèlu | sarah pracayèng ing sira | samanèku dèn aemut | ywa ngêgungkên panguwasa | kanthinên lan adilingsun ||

269. Kinanthi

1. Sanadyan saduluringsun | tuwin putraningsun sami | yèn nasar tindak lakunya | sisip pakaryaning patih | nora manut sarèhira | myang bawanta kang prayogi ||

2. Ywa taha-taha sirèku | marang panjênêngan-mami | têka sira patrapana | ing sapatrapanta patih | lawan timbanging panasar | tuwin panisiping patih ||

3. Anadene iku mungguh | tatrapan ingkang awarni | bang-bang alum-alumingwang | kang mring abdingong wong cilik | ya ingkang amawa dosa | lah iya ingkang kawajib ||

4. Nayaka santananingsun | sunparingkên sira patih | atas sun nora uninga | kang patut sira-bêloki | bêlokkên ywa taha-taha | kang patut dènsupatani ||

5. Sampurnakna supatèku | ya supatanana patih | sarupaning kwulaningwang | pan ingkang katrap umiring | bang-bang alum-alumingwang | lir duk mau iku patih ||

6. Kajaba nayakaningsun | lan putra santanamami | uwisa ana ing sira | aywa kongsi konjuk maring | iya panjênênganingwang | unggyannira anglakoni ||

7. Angukum iku duk mau | nèng wismanira pribadi | yèn sira matrapi jalma | ingkang dosa lan prakawis | para padu marganira | anulya êsahna patih ||

8. Dènkêbat kalawan kukum | kukumolah ingkang uwis | ingsun gadhuhakên marang | sipangulu lawan maning | yèn ana kawulaningwang | kang padha padu prakawis ||

--- 4 : 38 ---

9. Sakèhe aywa sirèku | kapitayan ngandêl jalmi | dènlumintu pamriksanta | marang kwulaningsun sami | jaksa kalawan pradata | dene yèn ana prakawis ||

10. Prakara kang para padu | yoga munggah ukum aglis | sira apaparentaha | ngunggahkên kukumolahi | ingkang sun-gadhuhkên marang | sipangulu lamun uwis ||

11. Êsah kalawan ing kukum | para padu iku patih | sira ingkang sunpitaya | sunwênangakên ngêtrapi | wong kang katrap kukumolah | mung kukum kisas anjawi ||

12. Iya lawan raja-lampus | apadene sakathahing | kawulaningsun sadaya | kang manjing bawahngong Mêsir | gêdhe cilik (n)jêro jaba | yèn ana ingkang katrap ing ||

13. Iya mring kukumolahu | atas sira sunpasrahi | ngêtrapêna saukumnya | ana ing sira apatih | iya ta Sayid Markaban | aja êsah sabên ari ||

14. Mupangatan sipangulu | sasulah-bawanta patih | dipun-mupakat kalawan | ukumingsun kang pinundhi | ya lawan panguluningwang | ing samangsa ana jalmi ||

15. Ingkang kapatraping kukum | dipun-kêbat sira patih | angêtrapi saukumnya | aja kongsi kunjuk maning | marang panjênênganingwang | kajaba kang kukum pati ||

16. Lan kisas ngêtokkên marus | atas panjênêngan mami | pribadi ingkang ngêtrapna | apadene dhawuhmami | mring sira Sayid Markaban | sira patih ingsuntuding ||

17. Ngêtrapkên kawasaningsun | sarta parentahsun iki | dèn-bênêr lawan prayoga | anadene sira patih | yèn ana kawulaningwang | amurang yudanagari ||

18. Utawa dêgsurèng laku | tingkah siriking nagari | anarajang prentahira | ingkang wus sirawalêri | anuli sira trapana | kang bênêr prentahmu patih ||

19. Uwisa ana sirèku | aja kongsi kunjuk maring | marang panjênênganingwang | sira aywa tungkul patih | (ng)gyanta baurêksèng praja | ywa kandhêg (ng)gonmu (n)dumbani ||

--- 4 : 39 ---

20. Sakèhing kawulaningsun | kang padha angrèhkên amrih | kamulyanirèng nagara | unggyannira angêtrapi | ngêtrapkên kawasaningwang | kèh parentahingsun patih ||

21. Têtêpana ing sadarum | saulahbawane patih | satindak lakuning kula§ Prayoginipun / kuna /. | papatih kang dhingin-dhingin | kang wus kalakon prayoga | padha têtêpana patih ||

22. Pacuhan-pacuhan iku | hèh Sayid Markaban patih | sira sun-gawe papatya | barang gawe dènkasanggi | sapakaryaning papatya | aja ewah kaya nguni ||

23. Kang wus kalakon sadarum | pacuhan-pacuhan kyèhning | kawulaningsun sadaya | padha angèstokna sami | sakèhing pangwasaningwang | kang sunparingkên sipatih ||

24. Taha yèn datan miturut | datan ngèstokakên maring | tanapi yèn maidoa | kaplaksana prentahmami | sun-gawe pangewan-ewan | munggèng ngalun-alunmami ||

25. Mashur dhawuhe sang prabu | Sayid Markaban anangis | lon umatur pêgat-pêgat | gusti pun patik tan ngimpi | kalamun dadya warangka | kabina bodhoning dasih ||

26. Sang nata ngandika arum | nadyan bodho ujêr uwis | dadi sênêng parêngingwang | wis aja akèh pinikir | lungguha mor para raja | patihPatih. Markaban wotsari ||

27. lajêng nunggil para ratu | sang nata ngandika aris | sagung para raja-raja | punggawa mantri bupati | satriya paratmajendra | padha malungsunga§ Prayoginipun / misungsunga /. sami ||

28. Iya marang patihingsun | dènpantês lawan watawis | sarta karyakêna wisma | dènpadha wismaning patih | inggal padha lêkasana | milungsung§ Prayoginipun / misungsung /. lan karya panti ||

29. Sang prabu jêngkar ngadhatun | kang rama lajêng kinanthi | ginarêbêg para kênya | ing sapraptaning sitinggil | gantya nganthi pramèswara | Sayid Markaban winarni ||

--- 4 : 40 ---

30. Kondur marang wismanipun | jinajaran ing prajurit | ginarêbêg para raja | dharat sagung para aji | maksih ngangge prajuritan | Sayid Markaban papatih ||

31. Cingak ingkang samyandulu | jinêjêl samargi-margi | andulu Sayid Markaban | ingkang anyar madêg patih | dadya tontonan samarga | jajaran wus notog panti ||

32. Mire kiwa têngên pintu | Sayid Markaban kang èstri | gupita (n)dulu pra raja | bojone nora kaèksi | anulya ênêp sênthongan | (n)dharodhog kalangkung ajrih ||

33. Ki Antyanta (ng)gènnya (ng)galur | criyose Markaban Sayid | kèndêl mangkya winursita | sadaya kang samya myarsi | ing sadanguning carita | suka rênane tan sipi ||

34. Gumuyu ambatarubuh | kêkêl nganti (m)brêbêsmili | ana gèdhèg-gèdhèg eram | Cêbolang umatur aris | kala wau kyai mêdhar | kados sanès têmbung Jawi ||

35. Janganlah comèl mulutmu | bêrnanti beta marahi | mung punika kang kèngêtan | kathah panunggilannèki | punika têmbung punapa | Jawènipun kadospundi ||

36. Jêbèng iku têmbung Mlayu | dene ta têmbunge Jawi | jangan aja comèl ngomyang | mulut cangkêm bèrnanti |Kurang satu suku kata: mulut cangkêm de bèrnanti. Jawa mêngko beta kula | marah nêpsu pukul gitik ||

37. Kêpalamu êndhasmu |Kurang satu suku kata: Kêpala kamu êndhasmu. biyar cikbèn baik bêcik | Mas CebêlangCêbolang. duk miyarsa | sukèng tyas umatur aris | sumangga kalajêngêna | kang mocung mring sênthong cilik ||

270. Pocung

1. Langkung ajrih yèn jinarah sang aprabu | gya Sayid Markaban | umanjing wisma pribadi | para raja (n)dhêdhêg sajawining lawang ||

2. Nganti dhawuh Sayidin Markaban pangguh | lawan garwanira | sampun sinungan udani | sukaning tyas andhudhah pêpancènira ||

--- 4 : 41 ---

3. Antuk kalih dukat sigra dènnya tuku | mijil pupungkuran | lajêng marang pasar apti | atutuku sagung kang olèh-olèhan ||

4. Tangganipun warata ana wong satus | wus samya miyarsa | yèn Sayid Markaban dadi | patih mêngku sagung kang para narendra ||

5. Samya dandan sumewa ngladèni bikut | ana mênyang pasar | sasanakane kèh prapti | samya atur-atur sakawasanira ||

6. Nyai patih dènnya tutuku wus rawuh | pirang-pirang jodhang | nulya tinata ing ngarsi | para raja wus samya ngaturan lênggah ||

7. Wisma sêsak dhasar papanipun ciyut | (m)bêdhah pagêr karang | andadak dipuntarubi | godhong jati têlasing buntêl tumbasan ||

8. Bak (m)balèbèr prapta sajabaning lurung | datan dangu prapta | kakalih duta narpati | wong anggandhèk sarwi ngampil patadhahan ||

9. Lawan ngirit pipikulan sèwu pikul | jodhang pirang-pirang | wong gandhèk ngadêg sru angling | hèh ki patih dhawuhdalêm pakênira ||

10. Pinaringan busana lorodan prabu | myang (n)jêng pramèswara | paparing panganan nangsi | matur nuwun kyapatih Sayid Markaban ||

11. Nulya sagung paparing tinampan sampun | gya Sayid Markaban | mangangge agêming patih | pangan sêkul ulam wus tinata samya ||

12. Datan dangu ana jajaran kadulu | gumrêdêg pacara | wanodya sèwu kaèksi | gugup para raja linggar sing lênggahan ||

13. Hurmat mêtu sang nata kang arsa rawuh | lawan pramèswara | tuwin sagung para putri | gumarêdêg gumuruh swaraning kênya ||

14. lajêng lênggah ing ngèmpèr sang Prabu Ngabdul | lawan pramèswara | sagung kang para narpati | lênggah munggèng tatarub gêdhong-gêdhongan ||

15. Kyanapatih makidhupuh lênggahipun | sang nata ngandika |

--- 4 : 42 ---

patih garwamu nèng êndi | kinèn marak mring gustimu pramèswara ||

16. Mundur aris kyana patih awotsantun | panggih garwanira | pinardi marêg sang sori | nyai patih mopo pinêksa ing priya ||

17. Gya umarêk pramèswari ngandika rum | iki garwanira | kakang patih yu linuwih | maksih kêncêng apa durung darbe putra ||

18. Lon umatur Sayidin saha wotsantun | gusti (ng)gih punika | warninipun ingkang abdi | kidhung dèrèng sumêrêp ing tatakrama ||

19. Inggih dèrèng sapisan gadhaha sunu | pramèswari nabda | hèh kakangbok nyai patih | amajua ywa wêdi ywa taha-taha ||

20. Pramèswari Tejaswara nyandhak gupuh | payo-payo kakang | linggiha jajar lan mami | pan ginèndèng anulya tata alênggah ||

21. Baranarta (n)dalêdêg saking kadhatun | myang saking pra raja | tuwin saking para putri | saking para punggawa paratmajendra ||

22. Saking mantri bupati angundhung-undhung | lajêng abujana | anutug sagung para ji | sukan-sukan sang Aprabu Ngabdulrahman ||

23. Bakda Ngisa sang Prabu Kosarsah rawuh | lawan pramèswara | lajêng samya tata linggih | patih Sayid Markaban anguswa pada ||

24. Bangun enjing kundurira sang aprabu | wusing lama-lama | adêgnya Markaban patih | langkung harja tata têntrêming nagara ||

25. Isih (ng)galur Markaban caritanipun | yèn tutugêna |§ Kirang sawanda, prayoginipun / yèn katutugêna /. têlung dina durung uwis | sabanjure mung kaya dongèng kewala ||

26. Mung daktutur pangrasaku wus kacukup | Ki Sali turira | inggih sampun anyêkapi | apa iya mangkono jêbèng Cobolang ||Cêbolang.

27. Nêmbah matur kasinggihan ingkang dhawuh | raosing tyasamba | kadyangganing tampi wangsit | sakalangkung lêga tampi sih nugraha ||

--- 4 : 43 ---

28. Lir anggyaning§ Prayoginipun / lir angganing /. sasangka kataman mêndhung | mangkya kapawanan | jaladara tan nglabêti | sagung candra§ Prayoginipun / Sanghyang Candra /. anyunari sabawana ||

29. Dhuh sang luhung aksamanta ingkang agung | benjing-enjing amba | sakanca anyuwun pamit | badhe lajêng nuhoni sêdyaning nala ||

30. Ki Antyanta mèsêm angandika arum | rasaning tyasingwang | saupama wong abukti | durung tuwuk anggonku tamuwan sira ||

31. Nanging paran yèn ulun ngêguli laku | jêbèng nora liwat | muhung ing pandonga mami | lastariya salamêt sasêdyanira ||

32. Kang sinung ling mangênjali matur nuwun | kapundhi mastaka | dumadya jajimat pripih | gya mangarsa ngaras pada gantya-gantya ||

33. Myang Ki Wisma mring Ki Sali lingira rum | jêbèng yèn sambada | mampira ing dhukuhmami | Mas Cêbolang matur nuwun pangaksama ||

34. Mugi sampun andadoskên cuwèng kalbu | rèhning lampah-amba | sampun sawatawis lami | dèrèng paja dumugi ingkang sinêdya ||

35. Kyai Sali (ng)guguk pangandikanipun | jêbèng insa Allah | nora dumadya tyasmami | ulun uga nyangoni puja raharja ||

36. Matur nuwun Ki Antyanta ngandika rum | lah wawi bibaran | wus awanci lingsir ratri | tan cinatur ing dalu warnanên enjang ||

37. Bakda Subuh samêkta sarapanipun | wus samya manadhah | tandya sasalaman sami | maring para santri kang jagi nèng langgar ||

38. Bang-bang wetan Hyang Surya arsa jumêdhul | madhangi bawana | Cêbolang sarencangnèki | wus alinggar saking astana Nglaweyan ||

39. Ngidul-ngetan ngambah sawah têgal talun | mlipir padhusunan | nyabrang lèpèn agung alit | yèn kadalon nyipêng anèng padhusunan ||

--- 4 : 44 ---

40. Enjang laju lumaku sasambèn wuwus | Cêbolang lingira | kakang Saloka Nurwitri | dimèn nora krasa sayah ing lumampah ||

41. Ulun (ng)gilut ngandikane pra linuhung | nagri Ngèksiganda | tanapi saurutnèki | wantahane ginêlung pirang prakara ||

42. Kang sinung ling ulun èstu dèrèng (ng)gayuh | kang dènandhar cêtha | pami sêkul lam kabukti | ulam munggèng rampadan wus ngandhar-andhar ||

43. Kang anyuguh anggêlarkên namanipun | ing satunggal-tunggal | lan pikantuke mring dhiri | sukalila nuntên dipunraosêna ||

44. Sampun malih raosipun yèn kacakup | namung namanira | satunggal kewala lali | têmah kadho-kadho botên sagêt nêdha ||

45. Dongong jangur kadi tiyang gêtun ngungun | mila kawêdharna | wantahing piwulang Jawi | panggêlunge rema mêntas jinamasan ||

46. Kakang ingkang dhingin jalma wruh ing kukum | iku watêkira | adoh mring kanisthanèki | pamicara wèh rêsêpe kang miyarsa ||

47. Tatakrama ngêdohakên ing panyêndhu | kagunan kinarya | ngupaboga ing ngaurip | kalakuwan bêcik wèh ayuning raga ||

48. Ki Nurwitri Ki Salaka manthuk-manthuk | e e ora jamak | gangsal têmbung wus nyêkapi | nora rapal nora kawi (ng)gugu jarwa ||

49. Paran kakang mungguh raose galihmu | têka mupus rosan | kula ngêmbang-bolo yêkti | wangsalane Ki Panjangmas Ngèksiganda ||

50. Kadèk mau ngêmbang-nipah nir pamuwus | banjur kawistara | ngêmbang-salak sêmunèki | baleatma wangsalane Ki Panjangmas ||

51. Ki Nurwitri Saloka saya angguguk | Pala Kartipala | anut gumuyu nyêkikik | angling kula bêlo nut sêton kewala ||

52. Lampahipun wus awis mrangguli dhusun | ngambah ngara-ara | wana rancah suku wukir | jurang pèrèng runggut bondhot ngêmbak-êmbak ||

--- 4 : 45 ---

53. Lamun dalu sipêng planggrongan wana gung | trêbange tinatab | buron galak nyingkir têbih | têkèng enjang ganti-ganti kang narêbang ||

54. Purnamaning surya bidhal ngancas gunung | Kêndhêng ing duksina | saking mandrawa kaèksi | wukir alit wingit astana Majasta ||

55. Sinêrang wus praptèng sukuning kang gunung | miyat patêgalan | pasitrèn tumruna sami | tatanêman mawarna pinantha-pantha ||

56. Maraseba rajasèwu kusta talun | walingi sriwulan | garaita mas bêcici | kluthuk kêpok êbyar sidak pulut saba ||

57. Pala pêndhêm kênthang (m)bili talês kimpul | gêmbolo gêmbela | uwi suwêg bêstul linjik | kaspe tela pêthak rêta wungu pita ||

58. Jwawut otèk canthèl jèpèn jagung têbu | timun pare ayam | waloh labu bligo krai | terong kopèk galathik lobak sêmangka ||

59. Cipir kara boncis kacang bayêm-sêkul | lombok krupuk cangak | tampar wudêl uprêt jêmprit | dhapuran pring papagêring pakarangan ||

60. Rampal ori pêting pêtung wulung tutul | ampèl gadhing jawa | gêsing anggêndani lêgi | ki cêndhani nyêkêl apus nyèngklak kuda ||

61. Mas Cêbolang lawan rencangira catur | praptèng têpinira | lèpèn Dèngkèng nèng ngandhaping | witing kamal pinggêt tilasing pusara ||

62. Samya cawuk cawuk toya raup wisuh | wênèh awak-awak | nahên ta ingkang winarni | pradikaning Majasta Jayamilasa ||

63. Wus wruh lamun ana dhatêngan linuhung | parentah mring semah | sadhiya sasêgah bukti | gya mring lèpèn mèt toyastuti yun Ngasar ||

64. Tumurun sing arga nèng lèpèn wus tundhuk | lawan Mas Cêbolang | sasalaman gênti-gênti | Ki Milasa wirangrong amanêmbrama ||Bait ini merupakan bait nomor 64, bait 63 tidak tertulis seharusnya bait nomor 63;\ Wus wruh lamun ana dhatêngan linuhungparentah mring semahsadhiya sasêgah bukti gya mring lèpèn mèt toyastuti yun Ngasar.

--- 4 : 46 ---

271. Wirangrong

1. Tigas kawuryan kang prapti | manilakrama kaptèng-ngong | sintên sinambat miwah ing pungkur | tanapi kinapti | masputu sadayanya | Mas Cêbolang lon turira ||

2. Kyai (n)dangu nama mami | pun Cêbolang rare ngloyong | asli Kilènpraga tlatah Kêdhu | yun mring Pranaragi | rencang catur namanira |Lebih satu suku kata: rencang catur namanya. pun Nurwitri Ki Saloka ||

3. Kartipala Palakarti | ulun duk mahawan anon | wukir alit pelag angunguwung | kadêrêng yun uning | tan etang bahyèng marga | dhuh risang wrêdha ujwala ||

4. Sintên sinambating kang sih | tanapi namaning dhepok | Milasa duk myarsa lingira rum | masputu pun kaki | nama Jayamilasa | pradikaning Ngèksiganda ||

5. Sinungan pakaryan aming | rumêksa tilas dhêdhepok | kang sumare arga Majastèku | atmajèng narpati | Majapait pamungkas | Dyan Jakabodho namanya ||

6. Sabêdhahe Majapait | tambuh solahe sang anom | lajêng anyêkabat (n)jêng sinuwun | ing Têmbayat nguni | manjing agama Islam | sinung ran Sutawijaya ||

7. Tinuduh dhêdhepok wukir | Majasta praptaning layon | ran Kyagêng Majasta kang kinubur | nèng anggraning wukir | dene ta raganingwang | lamat-lamat taksih (ng)ganda ||

8. Kaprênah canggahirèki | Kyagêng ing Majasta dhepok | Cêbolang duk myarsa lon umatur | kyai yèn marêngi | ulun arsa jiyarah | mring astanèng sang minulya ||

9. Masputu langkung prayogi | bakda Ngasar lajêng mawon | maring pasareyan sun tumutur | wus samya wuluking§ Prayoginipun / wulu-i /. | gya maring masjid wêkdal | bakda lajêng mring sareyan ||

10. Binuka kontênirèki | samya atur salam gupoh | maesan kalihnya manthuk-manthuk | tandha yèn tinampi | mila panggraitèng tyas | dudu santri sabarangan ||

--- 4 : 47 ---

11. Cêbolang sarencangnèki | nulya tahlil rêmpêg alon | tahlil wus paragat samya mêtu | atur salam malih | maesan dwinya ebah | manthuk-manthuk lir duk prapta ||

12. Sapraptanira ing jawi | Jayamilasa lingnya lon | masputu sadaya yèn saarju | lêrêm wismamami | gampil benjang-enjang | lajêng (n)dumugèkkên lampah ||

13. Sêdhêng nir rapuhing dhiri | tan wontên winalangatos | Cêbolang sukèng tyas aturipun | sumangga ing kapti | sakarsa tan lênggana | nulya binêkta mring wisma ||

14. Sapraptanira ing panti | sasêgah sampun mirantos | tinata pandhapa munggèng salu | wusing tata lênggah | sumangga sawontênnya | wedang tanapi nyamikan ||

15. Sawontêne tiyang ardi | lumayan jampining kator | yèn wus minum wedang saenipun | kewala abukti | kang sinung-ling sadaya | rumahab mring sasêgahnya ||

16. Pakantuk sadayanèki | wus dumugi gya linorot | wedang ingêjogan dharanipun | lah-olahan tuwin | wowohan pinuliyan | katungka suruping surya ||

17. Mèt hèr kadas ayun Mahrib | kênthongan tinatap thong-thong | para tamu miwah santrinipun | sadaya mring masjid | bêdhuge wus tinêmbang | Ki Nurwitri tandya adan ||

18. Lagu lalagon Mantawis | kang miyarsa samya gawok | bantasing suwara êmpuk arum | cêp adan sunati | Mahribi bakda sunat | Cêbolang anulya kamat ||

19. Swara rênyah muluh rujit | ingkang myarsa samya lamong | nyênyêsing wardaya mawêtu luh | Milasa ngimami | tumêkanirèng Ngisa | bakda Ngisa pupujiyan ||

20. Dhikiran sêsêg mêlingi | paragat salaman gupoh | maring Kyai imam pra santri wus | mudhun saking masjid | ki wisma mring tamunya | ulun sumarah sakarsa ||

21. Punapi wangsul mring panti | punapi ngriki kemawon | kang sinung ling matur ulun nyuwun | sipêng wontên srambi | Ki Milasa parentah | hèh bocah santri dikêbat ||

--- 4 : 48 ---

22. (n)Jupuka kalasa lêmpir | wedang kinang sata klobot | nyamikane pisan sak-nanipun | lan sunggata bukti | pra rencang gya tumandang | ngusung-usung wus tinata ||

23. Sampating panatanèki | anulya manadhah royom | rahab sadayanya wusnya tutug | ingundurkên aglis | anulya pamangsêgan | wedang sês miwah wawohan ||§ Prayoginipun / wowohan /.

24. Gantya tinata ing ngarsi | ki wisma lingira alon | suwawi rinurah dharanipun | pambirating amis | ginontor wedang kahwa | Cêbolang sakancanira ||

25. Wus mêndhêt sasukanèki | sambèn matur tatanya lon | sintên kang kagungan têgal talun | myang pasitèn tuwin | kêbon tanêman samya | tumruna (n)dados wohira ||

26. Iba papajêngannèki | saundhuhan slawe kêton | Milasa angling aris inggih ulun |Lebih satu suku kata: Milasa angling aris nggih ulun. ingkang andarbèni | satirahing tinadhah | tatangga mancapat prapat ||

27. Sintên-sintêna kang apti | mêndhêt kang wus wanci ngundhoh | ulun sukalila nrusing kalbu | pramila basuki | kalis dursila ngrusak | malah tumut (n)dhangir ngrêksa ||

28. Kamirahaning Hyang Widdhi | bêrkahdalêm sang akatong | tiyang sa-Majasta samya cukup | têntrêm tyase sami | kalis dursila murka | sumungkêm maring agama ||

29. Cêbolang umatur inggih | kang makatên kacariyos | jakat ingkang êsah trusing kukum | mupangat dunya-kir | anjawi kang punika | kamal têpining narmada ||

30. Wit Gêrêt têpunglang ngulit | ngarompyoh wingit kang sinom | paran suwadinya critèng dangu | Milasa mèsêm ngling | punapa dèrèng myarsa | cariyosing kala kina ||

31. Duk jaman ing Dêmak nagri | bilih dèrèng mirêng criyos | ulun badhe (ng)gêlar gotèkipun | rama duk suwargi | kamirêngakên lawan | lèlèh-lèlèh§ Prayoginipun / lèyèh-lèyèh /. sasareyan ||

32. Cêbolang umatur aris | èstu dèrèng mirêng criyos | mugi kawêdharna ingkang turut | (ng)gih kula wiwiti | ingkang

--- 4 : 49 ---

supados têrang | wit Dipati Dayaningrat ||

33. Ingkang kêkitha ing Pêngging | pinundhut mantu sang katong | Prabu Brawijaya Majalangu | dhaup lan sang putri | Rêtna Pambayun ingkang | ibu putri saking Cêmpa ||

34. lajêng puputra kakalih | jalu abagus kinaot | awit timur gêntur tapanipun | ingkang sêpuh nami | Dyan Kêbokanigara | kang anèm Kêbokênanga ||

35. Sang dipati nulya lalis | putra kakalih padudon | pradondi agami ingkang sêpuh | Buda dènlênggahi | lajêng martapa marang | kawah-kawahing kang arga ||

36. Sabêdhahing Majapait | kilap taksih kilap layon | Dyan Kêbokananga amiturut | agami Islami | sarak (n)Jêng Rasullolah | nèng Pêngging ngadêg Jumuwah ||

37. Gurunipun Sèh Sitibrit | sudara tunggil paguron | Kiyagêng ing Ngêrang Kyagêng Butuh | Kiyagêng ing Tingkir | catur saekapraya | kacriyos (n)Jêng Sultan Dêmak ||

38. Miyarsa putra ing Pêngging | Dyan Kêbokananga mirong | sanggarunginingsanggarunggining. tyas tandya ngutus | pinisêpuh nami | Kiyagêng Wanapala | sarta binêktanan sual ||

39. Pan namung tigang prakawis | sapisan paran kang dados | kaniyatannira tulusipun | angibadah aming | punapi melik marang | mandhirèng karaton Dêmak ||

40. Ping kalih Sultan wus uning | yèn maksih santanèng katong | kaping tri punapa sababipun | tan purun sumiwi | atuse kang dhadhawah | Ki Wanapala gya mentar ||

41. Sapraptanipun ing Pêngging | lawan Kiyagêng wus panggoh | sasalaman samya sukèng kalbu | tanya tinanya ris | Ki Wanapala blaka | ingutus risang (n)jêng Sultan ||

42. Sinamar dhawuh narpati | dangu bêbantahan kawroh | suraos wus wikan niyatipun | Kiyagêng ing Pêngging | Ki Wanapala nulya | pamit mantuk marang praja ||

43. Matur mring (n)jêng sri bupati | wigatining kang wawados | Kyai Pêngging èstu malih-kayun | ing lair nêtêpi | anggènnipun ngibadah | ananging batos sumêdya ||

--- 4 : 50 ---

44. Jumênêng sri narapati | sru bangkit nyamur lalakon | kathah aturira kang mrih lipur | dukaning narpati | Ki Pêngging winangênan | dwi warsa tartamtu sowan ||

45. Kacriyos kiyagêng Pêngging | mantuke utusan katong | lajêng katamuwan kadangipun | Ki Butuh Ngrang Tingkir | sabab mirêng pawarta | yèn Ki Pêngging tinimbalan ||

46. Mring Dêmak mopo tanapti | kadang tri samya kuwatos | bobolèh mrih ayu paksa puguh | sipêng kadang katri | tinanggapakên wayang | -bèbèr anyarêngi mangsa ||

47. Garwanipun Kyai Pêngging | wawrat wus sêpuh gya miyos | jalu langkung pelak angunguwung | nyarêngi drês riris | kinèn kèndêl ki dhalang | jabang-yi binarsiyan ||

48. Katur ing Kiyagêng Tingkir | pinangku ngandika alon | adhi anak para tuhu bagus | luhur dlajatnèki | bêgjane kang uninga | si kulup dakwèhi aran ||

49. Mas Karèbèt sutamami | kadang tri dènnya mardhayoh | ngantya sadasa ri nulya mantuk | tan lami Ki Tingkir | dumugi jangji seda | Kya Pangging sru susahira ||

50. (n)Jêng Sultan Dêmak winarni | lami dènnira angantos | sowannya Kyai Pêngging dwi taun wus | tan ana sumiwi | (n)jêng Sultan graita | kalamun têtêp (m)balela ||

51. Kangjêng Sultan tandya nuding | ngêmban dudukaning katong | ingkang lumaksana Sunan Kudus | bêkta bêndhe nami | Ki Bicak kang wasiyat | saking marasêpuhira ||

52. Dipati Têrung ing nguni | tranging dhawuh nulya bodhol | praptanira Pêngging wus apangguh | lajêng bantah ngèlmi | Kya Pêngging kacêthikan | dènnya ngrangkêp pikajêngan ||

53. Ananging dipunandhêmi | Susuhunan Kudus gupoh | nyandhak sikutira kyagêng laju | binêlèk ngêmasi | (n)Jêng Sunan nulya linggar | saking Pêngging tinututan ||

54. Sagung kulawarga Pêngging | bramantya yun bela layon | sabar tyas narimah napsu larut | awit kataman ing | prabawanya Susunan | sadaya mundur kasmaran ||

--- 4 : 51 ---

272. Asmaradana

1. Kulawarganya Ki Pêngging | ngrukti layonnya pinêtak | lor-wetan dalêm prênahe | antawis sapta ri garwa | nusul sedaning raka | Mas Karèbèt kawlasayun | ingopenan pra sêntana ||

2. Binêkta nyi randha Tingkir | dadya katêlah namanya | Ki Jaka Tingkir namane | diwasa gung tarakbrata | nyi randha sung pitêdah | kinèn pruwita mukmin gung | Ki Jaka anulya mangkat ||

3. Dumugi Sela pinanggih | kalayan Ki Agêng Sela | kalangkung rêsêp driyane | sang Jaka pinundhut wayah | Ki Agêng nalikanya | nênêpi Ki Jaka tumut | siyang ratri tan apisah ||

4. Anuju sajuga ratri | Ki Agêng (n)dangu Ki Jaka | ing saelingamu thole | kowe tau ngimpi apa | Ki Jaka matur blaka | nalika tirakat ulun | dhatêng arga Telamaya ||

5. Supêna katiban sasi | anyarêngi ardi gograg | gumaludhug suwarane | sanalika kula kagyat | paran wahananira | lah jêbèng bêcik impènmu | iku ratuning supêna ||

6. Babo suwita-a maring | kangjêng sultan nagri Dêmak | kono wahananing impèn | ingsun asung pandongarja | lawan pamintaningwang | wuri turun-turuningsun | kaparênga nyambungana ||

7. Marang wahyunira kaki | Ki Jaka matur sumangga | Kyagêng sru lêga galihe | wus linggar saking ing Sela | mampir Tingkir apanggya | lan kang ibu wus tinutur | dhawuhe Kiyagêng Sela ||

8. Kang ibu suka ngamini | kulup dakgawani rewang | supaya anuduhake | aku duwe kadang lanang | lurahing Suranata | aranne Kiyagêng Ganjur | bakal daktitipi sira ||

9. Mêngko lagi matun gagi | Ki Jaka gya mring pagagan | tumuntur matun gagane | dupi praptèng wanci Asar | mêndhung grimis dhumawah | Sunan Kalijaga langkung | cakêt têpining pagagan ||

10. Sarwi angandika aris | jêbèng ywa katungkul (ng)gaga | [...] |Kurang satu baris: 8e. sabab sira bakal raja | amêngku tanah Jawa | wusing ngandika sang ulun | mentar datan katingalan ||

--- 4 : 52 ---

11. Ki Jaka gya mantuk aglis | cariyos mring ibunira | kamantyan suka galihe | bêja bangêt sira nyawa | olèh wahyu pitêdah | de kang angandika mau | Jêng Susunan Kalijaga ||

12. Dhuh nyawa mangkata aglis | Ki Jaka nêmbah wus mangkat | kêkalih kang ngiringake | praptèng Dêmak wus pinanggya | lawan Ki Ganjur tandya | mahyakkên wawêlingipun | kang ibu katur sadaya ||

13. Nagri Dêmak kang mandhiri | sampun putrane Rahadyan | Trênggana de jujuluke | (n)Jêng Sultan Jimbun Pamêkas | Ki Jaka wus suwita | kanggêp langkung sihing prabu | pinacak lurah tamtama ||

14. Kang sarta pinundhut siwi | winênangkên ngambah pura | karsadalêm sang akatong | mêwahi wira tamtama | nanging mawi cinoba | nabok sirah banthèng rêmuk | kalêbêt wira tamtama ||

15. wontên tiyang Kêdhu Pingit | Dhadhungawuk namanira | warna sigug kau awon | wus komuk têguh digdaya | mring Dêmak yun suwita | dadya tamtama wus katur | lurahing wira tamtama ||

16. Ki Dhadhungawuk tinari | punapa purun cinoba | sinuduk sagah ature | Ki Jaka lajêng anyêlak | sarwi anyuduk sadak | ing dhadhane Dhadhungawuk | pêcah dhadha wus palastra ||

17. Tamtama kang anèng ngarsi | kinon namakakên katga | wus arang kranjang jisime | kauningan ing sang nata | bêndu mawinga-winga | Ki Jaka Tingkir tinundhung | saking ing nagara Dêmak ||

18. Wus mentar saking nagari | asru kaduwunging nala | ing solah kang wus kalakon | kalangkung kawêlasarsa | lampah tambuh sinêdya | praptèng rêdi Kêndhêng pangguh | lawan Kiyagêng ing Bêtah ||

19. Kiyagêng lingira aris | warnamu mèmpêr si kakang | Kyagêng Pêngging kang wus layon | namung bagus brêgas sira | ing ngêndi kang pinangka | Ki Jaka mêndhak rawat luh | wus katur sadayanira ||

20. Ki Jaka rinangkul aglis | nulya binêkta ing wisma | angaturi ing

--- 4 : 53 ---

kadange | Kiyagêng Ngêrang praptanya | wus ingaturan wikan | Kyagêng Ngêrang ngrangkul gapyuk | kalara-lara karuna ||

21. Rapihing§ Prayoginipun / Sapihing /. sadayanèki | Kyagêng Butuh Kyagêng Ngêrang | pitutur piwulang kasok | sarêng sampun pitung wulan | kinèn wangsul mring Dêmak | utawi mring Tingkir wangsul | Ki Jaka anulya mangkat ||

22. Praptèng (n)jawi Dêmak nagri | mêlingkên wira tamtama | tinanya punapi katong | sampun andangu ragèngwang | tamtama wangsulannya | sultan dèrèng wontên (n)dangu | Ki Jaka ngrêsing wardaya ||

23. Mring kancanya (n)dum basuki | kesah malih saking Dêmak | praptèng ing Pêngging lampahe | ing dalu sare dêdagan | pasareyaning rama | dupi antuk kawan dalu | miyarsa swara têtela ||

24. Jêbèng umentara aglis | ngidul-ngetan yèn wus prapta | ing Gêtasaji cakête | kono ana wong dhêdhêkah | kaloka ing bawana | Kyagêng Buyut Banyubiru | sadhawuhe lakonana ||

25. Kagyat dènnira aguling | pungun-pungun lumaksana | gantya ingkang kacariyos | Ki Buyut lan putra angkat | kang nama Kimas Manca | asal saking ing Talpitu | sukuning kang Lawu arga ||

26. Dene ingkang asisiwi | anama Ki Jambaleka | kang gêntur kasutapane | inggih trahing Majalêngka | Mas Manca sinung wikan | têmbe dadya wrangkèng ratu | bakal ratumu mèh prapta ||

27. Padhepokan Toyawilis | têmbe yèn wus tigang candra | ênggonne nèng dhepokingong | iku kulup wus andungkap | jumênênging narendra | tanah Pajang kuthanipun | ratu sêkti mandraguna ||

28. Kineringan kanan kering | wingit singit karatonnya | kulup iku sajatine | têdhak Pêngging Dayaningrat | de pêpatihe sira | ingsun kang angreka besuk | tumuline madêg nata ||

--- 4 : 54 ---

29. sarêng sampun kalih ari | Radyan Jaka Tingkir prapta | ing Banyubiru inggale | pinundhut pinutra-putra | langkung ingêla-êla | sinadhèrèkkên satuhu | dadya rayine Mas Manca ||

30. Ki Buyut ing Toyawilis | trêsna sih ing kalihira | nêlas tapis piwulange | ing rèh jaya kawijayan | madêg ji kasampurnan | wusing jangkêp tigang tèngsu | Ki Buyut ngandikèng putra ||

31. Ênggèr wus mangsa sirèki | ngaton marang ramanira | ing (n)Jêng Sultan Dêmak rêko | mumpung rêndhêng sri narendra | tartamtu nèng Parwata§ Prayoginipun / Prawata /. | sun-gawani sarat kulup | kang bakal dadi jalaran ||

32. Wawuhan lan sri bupati | Ki Buyut gya ngruwêg kisma | katêlah praptèng samangke | tilasing kang pakruwêkan | gya mêdal tirtamaya | pinêndhêtan rintên-dalu | toya botên lukak-lukak ||

33. Siti pinaringkên maring | Dyan Jaka miwah winêkas | yèn wus parêk praja anggèr | lan kadhaton ing Prawata | kisma iki jêjêlna | kupinge maesa-danu | masthi ngamuk mring Parwata ||§ Prayoginipun / Prawata /.

34. Wong sa-Dêmak datan bangkit | matèni maesa krura | iku margane sang katong | andangu maring ing sira | yèn kinèn matènana | mring maesa-danu mau | buwangên dhingin sitinya ||

35. Tamtu kêna ko(k)patèni | lan dakwêhi kanthi tiga | Mas Manca dwi kadang ingong | Ki Wuragil namanira | katrine ran Ki Wila | iku kaponakaningsun | anake Buyut Majasta ||

36. Katêlu poma ywa nganti | pisah lawan sira nyawa | Ki Jaka langkung suka |Kurang satu suku kata, dhongdhing jatuh pada huruf e atau o: Ki Jaka langkung sukane. manêmbah nuwun turira | Ki Buyut gya parentah | damêl gèthèk ingkang ayun | tinumpakan mring Ki Jaka ||

37. Wêdal samantên marêngi | Kiyagêng Majasta prapta | Banyubiru atitinjo | sarêng gèthèk sampun dadya | Ki Jaka kinèn mangkat | kanthi kadang tri tan kantun | anyarêngi kondurira ||

38. Kyagêng Majasta gya pamit | wus linilan tandya budhal | Kyagêng Buyut ngatêrake | winantu-wantu ing donga | wus

--- 4 : 55 ---

numpang gèthèk samya | toya lèpèn nuju agung | gèthèk milir nir sangsaya ||

39. Tan antawis dangu prapti | lèpèn Dêngkèng ing Majasta | lampahnya pininggirake | kèndêl sangandhapnya kamal | gèthèk lajêng cinancang | wontên ing wit kamal wau | Kiyagêng nulya tumêdhak ||

40. Ki Jaka sakanthinèki | umiring mring padhepokan | tigang dintên dènnya rèrèh | lajêng (n)dumugèkkên lumpahlampah. | Jaka Tingkir Mas Manca | Wilatigta Wragil sampun | munggèng ing gèthèk sadaya ||

41. Kiyagêng ngatêr têpining | lèpèn sangandhaping kamal | sampun pamit sadayane | Kiyagêng nêngèng ngawiyat | (n)dêdonga ing Hyang Suksma | miwah aparing pangèstu | pusara wus inguculan ||

42. Dhinadhung kang gèthèk milir | Kyagêng miyat witing kamal | pangandikanira alon | singgêt kupêng witing kamal | tabête kang kandharat | têkèng mangke taksih wujut | makatên gotèking bapa ||

43. Sadaya suka miyarsi | Mas Cêbolang aturira | Kyagêng Pêngging ing sedane | binêlèk sikut kang kiwa | Jaka Tingkir kadukan | linorod darajadipun | wit saking ampuhing sadak ||

44. Radi nyêmu raos wadi | Ki Milasa mèsêm lingnya | sumangga kang pramèng maos | Mas Cêbolang malih turnya | Ki Buyut kang minulya | dhêdhepok ing Banyubiru | sintên ingkang apuputra ||

45. Tuwin sinambating wangi | baya trahing witaradya | samantên kalangkungane | masputu criyosing bapa | risaking Majalêngka | putra angka wolulikur | nama Radyan Ariwangsa ||

46. wontên ing Pilang têtèki | anama Kiyagêng Pilang | nyêkabat (n)Jêng Sunan Lèpèn | kabudan sampun sampurna | nandhang agami mulya | (n)Jêng Susunan Lèpèn dhawuh | jêbèng sunlilani sira ||

--- 4 : 56 ---

47. Mratakkên sarengat Nabi | myang mêdharkên sasêngkêran | maring jalma kang wus salèh | nanging yèn mêdhar pingitan | sira mênyanga arga | aranne ing Banyubiru | parêk arga Gajahoya ||

48. Aranna Purwaka-sidik | sawusira mêdhar rasa | kungkuma ing sêndhang kono | kang katon biru hèrira | Kiyagêng tan lênggana | lajêng dhepok Banyubiru | mung Ki Buyut sêbutannya ||

49. dalêm sasêbutan kalih | wontên Pilang Kyagêng Pilang | nèng Hèrbiru sêbutanne | Ki Buyut ing Toyagêdhah | myang yasa padhêkahan | prênah êlèr-kilènnipun | winastanan Taruwangsa ||

50. Wafatipun bokmanawi | inggih wontên Toyagêdhah | awit wontên astanane | bilih saking padhepokan | kaprênah kidul-wetan | ngantos samangke lêstantun | pinundhi pinindha jimat ||

51. Wangsul (m)borongakên maring | dhatêng kang pramèng surasa | namung samantên criyose | matur Kimase Cêbolang | samangke têdhakira | Kyai Buyut Banyubiru | kang dêdalêm Toyagêdhah ||

52. Panapi inggiha taksih | masputu taksih satunggal | Sèh Hèrcaramu wastane | puniku kaprênah canggah | sampun angragasuksma | sring rawuh ing Banyubiru | awis kang sagêd pinanggya ||

53. De kang dados jurukunci | rumêksa ing pasareyan | tunggil darah lawan ingong | sami darahing Majasta | nanging saking wanita | nguni wontên putra Galuh | Dyan Banjaransari nama ||

54. Pinundhut mantu Kiyai | Majasta sinungan prênah | nèng Taruwangsa dhêdhepok | dene ingkang dadya nipkah | muhung damêl curiga | sinêpuhan toya lugu | kang rumêmbês saking sela ||

55. Dumugi samangke taksih | wasta sêndhang Selakapa | tan kenging asat toyane | kathah ingkang ngalap barkah | nyêlupakên gêgaman | èstu agung sawabipun | ampuh gya ya kalis tinja ||

--- 4 : 57 ---

56. Kiyagêng sêbutannèki | ngantos dumugining wafat | nèng Taruwangsa makame | canggahipun ingkang wrêdha | wontên ing Toyagêdhah | ran Ki Suhud de rinipun | Ki Sahid nèng Taruwangsa ||

57. Mas Cêbolang duk miyarsi | gotèke Kyai Milasa | kalangkung adrêng karsane | ayun uning Taruwangsa | kalawan Toyagêdhah | alon matur dhuh sang luhung | bakda Subuh benjang-enjang ||

58. Kawula anyuwun pamit | muhung pangèstu paduka | myang ywa kirang pangaksamane |Lebih satu suku kata: myang ywa kirang aksamane. yun uninga Taruwangsa | kalawan Toyagêdhah | masputu kalangkung atut | kula kang ayun ngatêrna ||

59. Maring Taruwangsa tuwin | maring Banyubiru pisan | Mas Cêbolang sarencange | sangêt nuwun sukarêna | kèndêl wus samya nendra | saliyêpan myarsa bêdhug | titiga tangi sadaya ||

60. Mring paheran asusuci | miwah ngambil toya kadas | radi awal ing nêptune | Subêki sawusing bakda | sasarapan lumadya | jadah wajik wedang bubuk | kupat lonthong gudhêg manggar ||

61. Ulam ayam adhêm gajih | bubuk dhêle tigan ayam | mirantos ngancaran age | wawi masputu sarapan | sadaya kang liningan | samya tuturuh gya kêmbul | wus dumugi dènnya nadhah ||

62. Ki Milasa maring panti | ambejani mring rubiyah | kang anèng srambi mirantos | sawangsulira mring langgar | tamu wus nèng plataran | tandya budhal umun-umun | Cêbolang giris umiyat ||