Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

273. Girisa

1. Ing lampahe Ki Milasa | kêngkêng rikat tan rêkasa | udakara umurira | langkung saking pitungdasa | ngambah marga alit ngarga | rumpil minggah tumurunnya | ri kang soroting baskara | abra madhangi bawana ||

2. Wèh sènênning arga-arga | kang tan mawa tarulata | sumilak (n)jalèrèh cêtha | de kang kathah tanêmannya | miwah

--- 4 : 58 ---

kadunungan desa | wênês ijo angrêmbaka | barungan swaraning kaga | sênêng kang mahawan marga ||§ Prayoginipun / arga /.

3. Kang ngucul lêmbu maenda | sumêbar lêmpènging arga | rarywa ngon mlangkrong kamlaka | anglêthusi woh nom tuwa | katon sênêng ura-ura | ngalangut sa-siring nala | mêlang-mêlung jangja dawa | ngalênthar tan tiba pada ||

4. Kang mahawan samya suka | sangsaya mêmpêng ra-ura | nahan ta ing lampahira | wus prapta ing Taruwangsa | Ki Sahid dupi uninga | lamun kadangira wrêdha | Ki Milasa ing Majasta | (m)bêta tamu brêgas mudha ||

5. Tundhuk sasalaman samya | Ki Milasa wus pratela | têtamunira lêlima | nama miwah pinangkanya | tanapi ingkang sinêdya | Kyai Sahid sukarêna | alon wijiling wacana | botên wontên sanèsira ||

6. Kula lan kakang Milasa | mila sampun wancakdriya | ulun sumarah ing karsa | punapa inggih lajênga | minggah dhumatêng astana | lèrèh rumuhun mring wisma | Mas Cêbolang aturira | kajawi karsa paduka ||

7. Prayogi lajêng kewala | ngujung maring ing astana | antuka supangatira | kiyagêng ingkang minulya | bilih wus tahlil sumangga | sakarsa datan lênggana | Milasa cumondhong karsa | tandya minggah mring astana ||

8. Praptèng pasareyannèki | Kiyagêng Banjaransari | asung salam sadayèki | wontên suwara mangsuli | kagyat kang samya miyarsi | garjita sajroning ati | kalamun alim sayêkti | nulya tahlilan sarênti ||

9. Bakdaning tahlil kawuryan | ngunguwung kang pasareyan | nulya mundur asung salam | para tamu ingaturan | mampir maring padhepokan | praptèng panti ingancaran | pinarak gya sinunggatan | wedang gantèn pangêsêsan ||

10. Tan pantara dangu nulya | sugata nadhah tinata | sampêt lam-ulamanira | sêkul bucu liwêt saha | Ki Sahid (n)dhêku lingira | kiraka myang wayahkula | atur buja sawontênnya | Milasa manthuk [man...]

--- 4 : 59 ---

[...thuk] sumangga ||

11. Wawanting anulya nadhah | kang samya sinung ling gêpah | wanting adan samya nadhah | nuju nêdhênging kang wayah | katoran sêmada sayah | pakantuk kang samya nadhah | wus dumugi gya rinurah | mring pra batih jalêr kathah ||

12. Ki Wisma ngling paran karsa | kèndêl tanapi lajênga | Mas Cêbolang aturira | bilih kaparêng ing karsa | prayogi lajêng kewala | Ki Milasa lon lingira | adhi aku borong sira | Ki Cêbolang atêrêna ||

13. Sun wangsul kene kewala | masputu andum raharja | sadaya nuwun turira | nahên sawusing samêkta | tandya mangkat sadayanya | wangsul Ki Jayamilasa | Ki Sahid wah tamunira | praptèng sabin lampahira ||

14. Miyat pantun warna-warna | mèh (n)dungkap pamêndhêtira | Mas Cêbolang lon tatanya | Kyai sintên kang nanêma | pantun kathah warninira | punapi namane samya | masputu tanêman-kula | sanès-sanès namanira ||

15. Tambakmênur Sokanandi | Papah-arèn Mênthik-wangi | Jaka-bonglot Pêndhok-wêsi | Dhudha-ngasag lan Cêndhani | Randha-mèntèr nyêlamêti | kalawan kêtan warna tri | kang cocog lan siti ngriki | mèh kasupèn angampiri ||

16. Miyat sêndhang Toyakapa | lampahira sampun prapta | nuju agung toyanira | kang sami angangge katga | nyêlupakên gantya-gantya | ingêntas garing sakala | tan ana labêting toya | mindhak mandhês kang guwaya ||

17. Kawangwang mêlês wingitnya | samya sukuring Hyang Suksma | lajêng lampahira prapta | sêndhang kayoman mandira | wanci Luhur kèndêl nulya | samya wulu sadayanya | gya wêkdal sawusnya bakda | Nurwitri nèng têpinira ||

18. Sêndhang cawuk-cawuk toya | galêgês ngawe Saloka | kakang iki tamatêna | mèmpêr kaya anunira | Ki Sahid ngartikèng driya | (ng)gih lêrês masputu mila | nama kang Sêndhang Purusa | sintên kang siram èstunya ||

19. Dadya kuwat kang sarira | bilih tan darêman putra | dalu nêpi enjangira | ngajêngkên plêthèking surya | lajêng siram nêlês rema |

--- 4 : 60 ---

insa Allah botên lama | darbe tuwuh tur raharja | kang wus kalakyan sanyata ||

20. Wusing aring lumaksana | tan cinatur lampahira | tlatah Banyubiru prapta | miyat tatanêmanira | dhangkèl êmpu warna-warna | pinantha-pantha (ng)gènnira | kêncur sèdhête watara | laos gêdruge ngrêmbaka ||

21. Kunci borose tumruna | puyang prit kapur-dipangga | lirihe sumêdhêng samya | sunthi jae kunir-seta | bêngle dlingo têmu-krêsna | êpoh glènyèh giring lathya | wrêsah pacing puspanyidra | brambang bawang cabe mrica ||

22. Nahên Ki Suhud kang lagya | sênêng myat tanêmanira | kawistara sing mandrawa | Ki Sahid dadya pangarsa | urut kacang lampahira | gupuh mlajêngi wus panggya | rarangkulan sung pambagya | myang tatanya rencangira ||

23. Ki Sahid uwus sajarwa | ing purwa madya wasana | Ki Suhud gya jawatasta | mring Cêbolang sarencangnya | myang nyênyês wijiling sabda | rèh ulun tiyang ing arga | sigug kau pamicara | sampun kirang pangaksama ||

24. Alit tumêkèng samangkya | dèrèng nate ngambah praja | ulun kadangipun wrêdha | lan Ki Sahid Taruwangsa | masputu krama kawula | Cêbolang suka turira | dhuh lae botên kadosa | sakarsa ywa wancakdriya ||

25. Sanadyan nêmbe kêpanggya | saèstu raosing nala | tarlèn sih sumungkêm kula | lan rinta Ki Taruwangsa | Ki Suhud kapadhan-karsa | alon wijiling wacana | suwawi miyat talaga | Banyubiru kang kinarya ||

26. Nguni mêjang ngèlmi rasa | myang miyat patilasannya | kisma pinêndhêt kinarya | anggala kanang maesa | Cêbolang matur sumangga | saksana gya lumaksana | wusnya umiyat sadaya | gya mring sêndhang kidulira ||

27. Astananya sang minulya | Purwata sidik sudibya | wus sêdhêng Asar wêktunya | samya wulu minggah nulya | mring masjid alit sadaya | Kyai Suhud imamira | ing wêktu Ngasar wus bakda | sung salam nêngên mangiwa ||

--- 4 : 61 ---

28. Pêtêng dhêdhêt madyantara | mêndhung angêndhanu krêsna | mabarung kang wujut mala | Suhud Sahid lan tamunya | saking masjid mring astana | binuka kori wus mênga | atur salam sadayanya | nyarêngi jawah prahara ||

29. Amung luhuring astana | sumilak lir mawa teja | tan wontên grimis tumiba | kanan kering drês jawahnya | ayêm kang nèng jro astana | Cêbolang sarencangira | sangêt ngungun ing wardaya | Ki Buyut agung kramatnya ||

30. Gya tahlil paragatira | andonga matumpa-tumpa | galudhuk lir barung swara | balêdhèg ngamini munya | ing sabakdanira (n)donga | sumilak blasblak. ngantariksa | sumorot trang Sang Hyang Surya | lon sumuruping bantala ||

31. Ki Buyut ngling mring tamunya | masputu prayoginira | aso rumuhun mring wisma | nyi wisma sampun sadhiya | sugata sawontênira | Mas Cêbolang aturira | sumangga (n)dhèrèk sakarsa | nanging sajroning wardaya ||

32. Dahat kepenginkêpengin. kapanggya | lan Sèh Hèrcaranu mulya | pakèwêd yun mêdharêna | anulya mirêng suwara | hèh Suhud sira waraha | iya marang tamunira | Cêbolang dènnya yun panggya | lan Sèh Hèrcaranu mangkya ||

33. Iya durung mangsanira | têmbe yèn wus palakrama | kalunta nèng wana pringga | ing kono (ng)gonne kapanggya | myang sung prênah Wanataka | aywa sumêlang ing nala | Cêbolang dupi miyarsa | dahat jrih sumungkêm kisma ||

34. Jênggèlèk Ki Suhud tanya | paran kang dadya daruna | punapinggih mirêng swara | katrangan krêntêging nala | kang dhinawuhkên mring kula | Cêbolang mèsêm aturnya | inggih mirêng tur têtela | sangêt panuwun kawula ||

35. Tandya atur salam samya | sawawêngkoning astana | siti mobah kaping tiga | lir lindhu obahing kisma | wus mundur saking sêtana | sapraptanira ing wisma | Hyang Surya sampun diwasa | mèt toyastuti sadaya ||

36. Wus minggah maring ing masjid | adan ayun wêdal Mahrib | Ki Suhud ngimani tartip | Ngisane gantya Ki Sahid | ing

--- 4 : 62 ---

sabakdanira Ngisa | dhikir atanapi (n)donga | paragat wangsul mring wisma | Ki Suhud manis lingira ||Empat baris ini ( baris 1 - 4 ) merupakan semacam kelainan - bentuk Girisa biasanya berakhir 'a'.

37. Masputu sadayanira | sawontênnipun sumangga | wedang têmu gêndhis klapa | nênênas saliting jangga | sae tumraping sarira | dhumatêng padharan lêga | kang sinung ling rahab samya | wus ngombe sasukanira ||

38. Kraos nikmat kang sarira | ngling malih rèh wus tinata | wawi nadhah sawontênnya | wawanting Bismillah nulya | nadhah rêsêping kang nala | pakantuk wusnya dumugya | ngundurkên gantya lumadya | mêmangsêgan pisang raja ||

39. Pulut cêklèk garaita | pisang-mas jambu-drêsana | samya mêndhêt sasukanya | Cêbolang matur ki wisma | kalangkung panuwun-kula | ginunturan bojakrama | langka kalamun sagêda | ngaturi ingkang pinangka ||

40. Tibaning sih bojakrama | kajawi ingkang punika | benjang-enjang kalilanna | anglajêngakên lumaksana |Lebih satu suku kata: nglajêngakên lumaksana. ki wisma mèsêm lingira | masputu aywa rinasa | èstune ulun sadarma | dadya lantaran kewala ||

41. Yèn pinarêng ing Hyang Suksma | ulun ngatêr têdah marga | mêdal ing Têlêng kewala | wontên sabinne§ Prayoginipun / sambènne /. pinirsa | Cêbolang kalangkung suka | ulun nyarêngi kewala | mantuk maring Taruwangsa ||

42. Tan cinatur dalunira | enjinge Subuh wus bakda | sarapan kêtan ra-ura | panggang cacah ayam dhara | sambêl windu mawur pêra | gêndhis arèn wedang kahwa | nadhah sarapan wus bakda | Sahid sung salam warata ||

43. Winantu pandonga arja | budhal jawi dhadhah prapta | rujak sêntul bêbasannya | ngalor mantuk Taruwangsa | Suhud ngidul satamunya | ngancas ngetan sawatara | praptèng arga Gajahoya | miyat pongoling ancala ||

44. Pindha tutuking kang naga | krura arsa amamangsa | ranang minangka wisanya | tênggok (n)dlêdêg mêdal toya | wêning

--- 4 : 63 ---

mancuring sahasta | cêlak pancuraning toya | ana arcane dipangga | anjrum wingit sêmunira ||

45. Dangu dènnira mariksa | linajêng lampahira |Kurang satu suku kata: linajêng ing lampahira. praptèng sakiduling arga | Gajahmungkur Tlêng wastanya | kèndêl ngandhaping sridênta | anon sêndhang Tirtamaya | Ki Suhud ngling lah punika | sintên kang siram tan lama ||

46. lajêng subur wulunira | sakojur kadi rewanda | lan wontên sêndhang sasanga | plêncat-plêncat panggenannya | sintên kang sagêda siram | sadaya wradin sasanga | datan kawêdalan arka | èstu têguh timbul ywana ||

47. Datan mawi tarakbrata | mila tyang arga Duksina | ing saurutipun samya | kathah kang lampah tan harja | nir èngêt apêsing raga | munyal-munyal tan riringa | wawi prayogi pinirsa | Cêbolang matur sumangga ||

48. Wusing myat sêndhang sasanga | Ki Suhud alon lingira | masputu sadayanira | ulun asung kang pujarja | margi mangetan punika | lajêng anjog Wana-arga | sasungapaning kang arga | mring Pacitan Pranaraga ||

49. Cêbolang nuwun aturnya | wus atur salam sadaya | sigêg Ki Suhud antuknya | nahên wau lampahira | Cêbolang sarencangira | anêlasak wana-arga | tan cinatur laminira | praptèng Wanagiri tandya ||

50. Kèndêl krajan Girimarta | nèng têpi sêndhang Hèrmaya | ayêm mandira ngrêmbaka | anêntrêmakên sarira | Palakarti Kartipala | (ng)galoso nèng tambi sarya | têrbang pinêngkul nèng jaja | tinabuh rêm-rêm netranya ||

51. Kasiliring samirana | liyêr-liyêr têmah nendra | tarêbang tumutup muka | ngorok nêmpuh trêbang munya | kadi tinatap ing ngasta | Ki Nurwitri Ki Saloka | singiran angon irama | Cêbolang sru sukèng nala ||

52. Nèng têpining sêndhang sarya | cawuk-cawuk anèng toya | wanci ngangsu pra wanita | ruruntungan anom tuwa | mratah manis suluh surya | mandhês alus kulitannya | sumèh-sumèh mêrakatya | karisik galak ulatnya ||

--- 4 : 64 ---

53. Kandhêg mangu anon janma | miwah nilingkên suwara | trêbang ririh panatapnya | singir alon bêning cêtha | saya maju kang mèt toya | tamat kang nrêbang wong nendra | sukèng tyas ngampêt gujêngnya | ting kalikik tutup lathya ||

54. Sangsaya hardaning suka | latah-latah mawèh gita | kang singir kang langên taya | samya (n)jumbul nolèh mirsa | dyah kang ayun ngambil toya | Cêbolang ngling lah sumangga | pra èstri dupi uninga | Cêbolang bagus kang warna ||

55. Cêp kèndêl salin salaga | kengis ngêsês nahên brangta | lir kataman dhêsthiguna | wurunging pangangsunira | tumanduk liringing netya | Cêbolang tanggap ing karsa | pra dyah kataman asmara | nar-naran mijil kang waspa ||

274. Mijil

1. Kalênthinge nora dènrawati | têmah mrucut mak prok | jajorogan sarwi nolèh-nolèh | wênèh kabêntus ing padhas curi | kari gulunèki | pangindhite bêsus ||

2. Mèyèk-mèyèk wonga-wonga kengis | sumêkan ngalowong | pindha wulan katamèngkatawèng. himane | sasorote sasangka mranani | swadine mêmengin | mring sang klanèng ranu ||

3. Nahan wontên rarywa ing Mantawis | anak kêtib Winong | apidêksa manis pamulune | marêkati§ Prayoginipun / mêrakati /. sêdhênging birahi | kesahe pinardi | talabul ing ngèlmu ||

4. Kandhêg kèrêm anèng Wanagiri | labêt sênêng madon | pinèt mantu lawan panggêdhene | Girimarta pangkate pratinggi | ran Kaji Nurgiri | sinung ran Ki Mantu ||

5. Kenthol endrasmara akêkasih | sabên lingsir kulon | asêngadi ngisis nèng ngandhape | tanjung agung margining mring (m)bèji | swadine umèksi | dyah kang samya ngangsu ||

6. Samya wangsul kalênthing wus gusis | ngacuwis guguyon | jêjorogan [jê...]

--- 4 : 65 ---

[...jorogan] sarwi nolèh-nolèh | dupi cêlak ginêtak dah iki | ana apa kuwi | berag ngadu êjun ||

7. Kagyat (n)jumbul gugup anauri | sêndhang wontên kenthol | anjênthara arum suwarane | wontên ingkang cawuk-cawuk warih | ugi kenthol sigit | botên gondhal-gandhul ||

8. endrasmara latah anudingi | ngêndi ana kenthol | nyawuk warih myang arum swarane | èstri ingkang mangsuli sung liring | sarwi nêkêm lathi | (n)jêrunthul gumuyu ||

9. Tandya maring (m)bèji ayun uning | lumaksana alon | dupi tundhuk jawat-tangan age | mring Cêbolang Saloka Nurwitri | Karti Pala-karti | tangi nulya raub ||

10. Wus atata nèng têpining warih | Endra lingira lon | katambêtan kang kawuryan nêmbe | linêpatna sakèhe kang runtik | ulun krami adhi | kawijilannipun ||

11. Kang sinêdya myang sinambating sih | Cêbolang lingnya lon | dhuh kiraka rayinta yêktine | saking tanah sakilèning Pragi | Kêdhu wisma-mami | Cêbolang ranulun ||

12. Bilih sagêd dumugi yun maring | Pranaraga ngaos | rencang nunggil kapti de namane | ingkang anèm punika Nurwitri | Sloka Palakarti | Kartipala catur ||

13. Nanging tansah kasangsayèng margi | jumarunuh repot | angaluyug datan wrin margine | tansah takèn ing samargi-margi | dumugi ing ngriki | tan wrin namanipun ||

14. Dhuh kiraka kang rumakêt manis | nir kang walangatos | angêgungna gunging aksamane | kêparênga mêdharkên wawadi | solahbawa yêkti | tangèh bilih dhusun ||

15. endrasmara latah nampèl wêntis | babo kadangingngong | têka pintêr mawang mring rakane | tanah ngriki nama Wanagiri | kang purun mastani | endrasmara ulun ||

16. Tanah têrahing prajèng Mantawis | anak Kêtip Winong | awit alit langkung pamêthèse | nanging ulun punggung anglakoni | dumugining akir | baleg tambah mrusul ||

17. Purun èstri tan sagêd nayuti | lajêng kinèn ngaos | nyantri marang [ma...]

--- 4 : 66 ---

[...rang] ing Pranaragane | rarywa sanga sasarêngan mami | dumugi ing riki | kandhêg amangun kung ||

18. wontên rarywa èstri cêmêng manis | wadana sumuloh | pindha kilat tumèplêg liringe | ulun ingkang katampêging liring | kadi dènlolosi | cape têmah lumpuh ||

19. Ulun lajêng poyan boya bangkit | lumampah wus repot | tinilara anamung ing têmbe | bilih mantuk nêdha dènampiri | wus uninga wadi | lajêng sadayèku ||

20. Nahan kantun anggana wakmami | (m)barêbêl wêtu loh | gandrung-gandrung nglacak praptèng kene | jro capuri wontên masjid alit | ulun malbèng srambi | wanci bakda Luhur ||

21. Ingkang darbe wisma amanggihi | sih wêlase notog | Kyai Kaji Nurgirindra ranne | ramanipun dyah kang mawèh kingkin | ran Rara Indradi | yayi cêkakipun ||

22. Ulun mapan pinupu tan lami | dhinaupkên ingong | lan Indradi ingkang damêl cape | lumastantun dumugi samangkin | yayi yèn marêngi | lan sanak sadarum ||

23. Alêrêpa anèng wismamami | benjing niring rapoh | sakarsanta lajêng myang botênne | rama kaji wus kalêbêt alim | sampun anyêkapi | ngèlmi sarak Rasul ||

24. Mas Cêbolang tumantur sakapti | lumaksana alon | endrasmara nèng ngarsa lampahe | praptèng dhadhah dhaham kaping katri | kang anèng pandhapi | miwah wismèng pungkur ||

25. Samya mêdal praptèng ngregol aglis | ki wisma lingnya lon | lah tutura mring nyaimu age | ulun katamuwan kadangmami | saking Kêdhu Pingit | rencangira catur ||

26. Sadhiya-a wedang angêt thithik | myang bucu kang mrantos | kang sinung ling wus lumèngsèr age | tata-tata salu wismèng ngarsi | parenta§ Prayoginipun / parentah /. mring wuri | ngrukti pondhokipun ||

27. endrasmara tamunira sami | pinarnahkên gupoh | anèng salu pandhapa kang kilèn | tinumpangan lampit glaran pasir | Ki Wisma mring panti | prentah rabinipun ||

--- 4 : 67 ---

28. Tan adangu wangsul mring pandhapi | sasêgah lumados | nyai wisma catur ngladosake | pangudutan kalawan tapsirih | wedang (m)bang srigadhing | ronning blimbing wuluh ||

29. Mabên tawon kongas ganda wangi | jênar kimpling kinclong | nyanyamikan wi lêgi kimpule | gêmblong bêntul sabun pisang-rukmi | kalawan cariping | pisang-raja talun ||

30. Wus tinata andhèr anèng ngarsi | ki wisma lingnya lon | lah ta padha ambagèkna kabèh | iki tamu nanging dudu tami | kadangmu pribadi | prênah ariningsun ||

31. Wus winêdhar ing lampah myang nami | (n)dhêku catur wadon | ganti-ganti samya sung pambage | myang nyarakkên pasunggatanèki | têmbung nyênyês manis | marêkakên kalbu ||

32. Garjitèng tyas kang sinung pambagi | baya iki wadon | papat pisan swamine kenthole | Mas Cêbolang mangsuli pambagi | pangèstunirèki | (m)bakayu sadarum ||

33. botên kirang sajuga punapi | tulus karahayon | endrasmara angling mring tamune | lah punika (m)bakyu para yayi | kuciwa ring warni | kidhung wagu sigug ||

34. Pêthingane pan namung sathumlik | anglênggahi wadon | bêkti nastiti sangêt ajrihe | amiturut saprentahing laki | condhong ing sakapti | sagêd momong maru ||

35. Pun Indradi mring marunira tri | nir kang walangatos | kang panênggak Surêsmi namane | kang panêngah anama Suwati | pun Lulut sumêndhi | catur golong-kayun ||

36. Manjing kadang kang sinarawèdi | tulus gêndhon rukon | botên lucu punika tiyange | lah suwawi danguwa pribadi | suka kang sinung ling | alon aturipun ||

37. Dhuh kiraka kawahyon sajati | ing pamujiningong | dhumatêng ing (m)bakyu sadayane | lastantuna ing salaminèki | tinartamtu benjing | antuk sawarga gung ||

38. Nikmat rahmat langgêng tan agingsir | ganjaraning Manon | dhatêng wadon kang bêkti lakine | endrasmara sukèng tyas lingnya ris | suwawi sinambi | sakwontênanipun ||

--- 4 : 68 ---

39. Mas Cêbolang sarencangirèki | ngrahapi pasugoh | wus dumugi gya ngêsês myang (ng)gantèn | Kyai Wisma parentah mring rabi | lamun wus miranti | ladèkna bucumu ||

40. Para rabi wus tumêkèng panti | tan adangu miyos | nampa bucu lawan rampadanne | nyanyamikan ingundurkên aglis | rampadan gumanti | tinata pinatut ||

41. Sêkul gaga munggèng panjang-giri | gudhêg sambi batos | sambêlgorèng rêmpêla-ti pête | bubuk-dhêle kaduk lombok cilik | gorèngan prit-glathik | gathik myang drêkuku ||

42. Cêplok tigan kamal ayam ati | manjangan myang opor | mêri branti sampêt lalabane | sambêl-ulêg sarêm ampêr pêtis | ambêng dènimbuhi | Ki Wisma lingnya rum ||

43. Wawi yayi sami awawanting | punika susugoh | bêcatipun (m)bakyunta cature | kang sinung-ling (n)dhêku sigra wanting | Cêbolang sarwa§ Prayoginipun / sarya /. ngling | (m)bakayu sadarum ||

44. Prayogine sasarêngan bukti | ing tandang tan ewoh | raroyoman eca sawadose | kyai wisma suka lah ta yayi | catur pisan bêcik | miturut arimu ||

45. Barêng bukti basane ngêmpyangi | pra rubiyah gupoh | awawanting miturut lakine | tandya bukti ngiras angladèni | nutug sadayèki | mirasa pakantuk ||

46. Cinarikan marang ing pamburi | wowohan lumados | durèn manggis dhuwêt wungu putèh | kêpêl dhuku pisangmas kêcapi | lah sumangga yayi | ing pamangsêgipun ||

47. Pra rubiyah kang ngiras ngladosi | catur gantos-gantos | anawani marang têtamune | katungka Hyang Surya manjing wukir | têngara Mahribi | lir blabak tinabuh ||

275. Balabak

1. Lah ta yayi sumangga sami awêkdal | Mahribe | maring langgar ing sabakdane sêmbahyang | saene | lajêng ngaso dhatêng pondhok [pon...]

--- 4 : 69 ---

[...dhok] cakêt langgar | sak-lore ||

2. Wus alinggar samya ngambil toya kadas | nulya ge | minggah maring langgar Nurwitri gya adan | larase | slendro pathêt sanga swara rum ngumandhang | lantase ||

3. Bakda adan samya asêmbahyang sunat | Mahribe | rampung sunat Ki Nurwitri tandya kamat | larase | pelog pathêt barang miring sawatara | sêrune ||

4. Cêping kamat parlu Mahrib kang dumadya | imame | endrasmara tarêtip suwara cêtha | bakdane | wêktu Mahrib nutug pupujiyannira | dhikire ||

5. Rêmpêg sêsêg laras prajèng Ngèksiganda | lagune | têkèng Ngisa myang sunat-sunat wus bakda | nulya ge | samya mandhap saking langgar mring pondhoknya | asone ||

6. endrasmara ngatêrkên sarwi tatanya | ing mangke | kaparênge sugata manira |§ Gatra punika kirang kalih wanda, prayoginipun / kaparênga yayi sugata manira. dhahare | punapi nèng griya punapi binêkta | pondhoke ||

7. Cêbolang ngling sangêt ing panuwunkula | sarèhne | taksih tuwuk prayogi botên kewala | nadhahe | endrasmara mantuk parentah rabinya | dèn age ||

8. Sugatamu kinang pangudutan lawan | wedange | lan nyamikan iku bae ladèkêna | sêgane | ora susah awit kabèh isih padha | warêge ||

9. Wus lumadi andhèr tinata ing ngarsa | tan suwe | endrasmara mring pondhoke tamunira | dêlinge | lah sumangga sampun pakèwêt ing nala | ecane ||

10. Lèlèh-lèlèh§ Prayoginipun / lèyèh-lèyèh /. (m)birat rapuhing sarira | sambènne | ngunjuk wedang dhaharan sawontênira | tamune | ananggapi samya sasêkecanira | patrape ||

11. Kyai Wisma manêmbang mring tamunira | dêlinge | yayi mugi kaparênga mêdharêna | raose | ing Kitabing Tasawub babing ngagêsang | tamtune ||

--- 4 : 70 ---

12. Cêbolang ngling nitik saking ing surasa | èstune | manungsèku tinartamtu ing Pangeran | kodrate | pyambak-pyambak lalampahane nèng donya | mulyane ||

13. Myang sangsara bêgja cilaka waluya | sakite | sugih miskin ngagêsang tanapi laya | milane | nir pamikir kajawi mung lumaksana | anane ||

14. Tanpa parlu pados sarat budidaya | margine | wus tinamtu upama anandhang roga | èstune | bilih sampun wêdaling saras nir tamba | sarase ||

15. Lamun sampun pinasthi ing ajalira | èstune | ingusadan tan saras têmah palastra | glèthèke | wontên malih kasêbut Palakil-kobra | iribe ||

16. Bab babêtan papasthène kang manungsa | mulyane | myang sangsara bêkjabêgja. lawan cilakanya | malihe | kalakuwankalakuan. tanapi sagêsangira | lakone ||

17. Dadosipun wus pinasthi kang manungsa | gêsange | anèng donya miwah panggêsangannira | malihe | ing lêlakon kasêbut Palakil-kobra | gancare ||

18. Ing Tasawub kalawan Palakil-kobra | bèntênne | mawa mratèlakkên kang dadya jalaran | blaine | lan mratelakkên panulak supadya |Kurang satu suku kata: lan mratelakakên panulak supadya. harjane ||

19. Dados taksih nindakkên isaratira | bèntêne | mênggah ingkang isarat kang mrih raharja | badane | lawan maring kulawarga wus wajibnya | tiyange ||

20. Kêdah mawa istiyar sakadarira | tamtune | wus kasêbut ing kjtabkitab. Pêkih punika | uripe | manungsèku tartamtu wênang istiyar | ywa supe ||

21. endrasmara duk myarsa goyang kêpala | dêlinge | langkung èwêt mênggah pamanah-kawula | sèlèhe | nyungkêmana Tasawub dèrèng kuwasa | rikine ||

22. Èstunipun kasêbut Pêkih punika | saene | nanging bilih ngèngêti Tasawubira | kêmbane | ing istiyar tiwas sayah tanpa karya | lampahe ||

--- 4 : 71 ---

23. Kadiparan mênggah yayi sumèlèhnya | kalihe | CêbêlangCêbolang. ngling bilih pamanggih kawula | èstune | ing Tasawub punika kangge ing nala | gathêke ||

24. Kang kasêbut ing kitab Palakil-kobra | malihe | kang kaênas ing kitab Pêkih punika | manggènne | kangge Jawi mufakat lampahe gêsang | limrahe ||

25. Dadosipun mênggah agêsang punika | ecane | punapa kang kalimrah kanggo manungsa | tatane | inggih linampahan sacara-caranya | wajibe ||

26. Bilih sampun tumindak ing tatacara | laire | dalêm batin muhung nglampahi narima | sumendhe | wit manungsa tan wruh ing papasthènnira | têmêne ||

27. Uningane papasthèn yèn wus kalakyan | babare | de manungsa punika pan têmbung Arab | têgêse | têmbung Jawi kang linalèkkên punika | wus jèngglèh ||

28. De Tasawub têgêse kang têmbung Jawa | rêsike | ing suraos kawruh kang tan kasipatan | ing akèh | kajêngipun kawruh batine manungsa | yakine ||

29. Dene Pêkih wêrdi kawruh kawujudan | wèntèhe | kawruh ingkang manungsa kang linampahan | badanne | ing sajroning gêsang wontên dalêm donya | slamine ||

30. Duk miyarsa endrasmara latah-latah | gujênge | adhuh yayi atut ingkang pangandika | rakane | ing pamanggih sampun condhong lan punika | rikine ||

31. Ngèstokakên ing Pêkih mila kawula | samangke | rabi catur gêndhon rukon saudara | anggêpe | jalarannya angêgungkên budidaya | kumpule ||

32. Cêbolang ngling paran ingkang budidaya | gancange | bilih kenging kawêdharakên kapyarsa | tyang sanès | kaparênga mahyakkên dadya tuladha | èstune ||

33. endrasmara ngakak nampèl wêntisira | dêlinge | pancènipun tan pantês winêdharêna | sarèhne | jroning manah yayi wus dadya sudara | dadose ||

--- 4 : 72 ---

34. Ulun kêdah mahyakkên balaka-suta | jlèntrèhe | nanging sampun kirang-kirang pangaksama | sêbabe | têmbung lekoh bikak wadosing sanggama | patrape ||

35. Cêbolang ngling èstu tan dados punapa | wiyose | anambahi rumakêting saudara | milane | sampun mawi wangwang rèh wus nunggal karsa | arine ||

36. endrasmara kataman ing manuara | nulya ge | mêdhar sabda milane yayi rakanta | angrèntèng | saking atrap nalika murwa cumbana | tingkahe ||

37. Jalêr èstri jêng-ajêngan linggihira | timpuhe | mindha wêktu sêmbahyang tahiyat awal | dhèmêse | èstri lajêng tinungkulkên sirahira | pindhane ||

38. Kadi ayun ginêcêl kakunge nulya | amire | sarta lajêng ngrangkul iga wêkasira | têngênne | asta ingkang kiwa ngasta jèngkunira | èstrine ||

39. Kabêngganga ing sawatawis kewala | pukange | sirahipun kacêrakkên ywa kasêsa | lajênge | sinarèkkên kakung majêng lênggahira | timpuhe ||

40. botên ewah pupuk§ Prayoginipun / pupu /. jêngku kaajêngna | manggènne | nèng têngahe kalih pupuning wanita | dadose | kadi gapit pupu jêngkuning kakungnya | kalihe ||

41. lajêng pupunipun èstri ingkang kiwa | slonjore | katumpangkên pupuning kakung kang kanan | lahdene | jêngkunipun èstri kang kiwa punika | lajênge ||

42. Dipun jonjitakên ngadêg sawatara | cêkake | bilih sampun asami mapan sakeca | kalihe | ingkang jalêr lajêng maca Bissêmilah | slajênge ||

43. Utamine lajêng maos ingkang ayat | Kursi-ne | wusing katam purusa katamakêna | kang sarèh | wusing manjing satêngah gya katindakna | campuhe ||

--- 4 : 73 ---

44. Srana ngangge patrap adat ingkang dadya | klinane | lah ing ngriku lajêng ngwontênkên sasmita | klècême | grêgêt saut pratingkahira wanita | puruge ||

45. Kang nêdahkên carêm marêming wardaya | têngranne | yèn wuluning wanita sranduning angga | ababe | myang mêngkorok punika sampun katujwa | carêmme ||

46. Yèn tyang bongoh lêbête pastapurusa | maring hès | ingkang kadya galak sawêr nèng lêbêtnya | êlènge | aywa nganti kêmba kang alon kewala | tanduke ||

47. Yèn tyang dhenok lêbête pastapurusa | mring hèse | katindakna lir ngaras gandaning sêkar | isthane | amung èstri patrape lir sumèndhènnya | usuke ||

48. Yèn tyang sengoh wiwit lêbêting purusa | prênahe | sangandhaping pasunatan ingkang kanan | lajênge | radi lêrês satêngahipun wiwara | campuhe ||

49. Nanging èstri sarana katilêmêna | patrape | pan satêngah lungguh suku kalihira | dèn-dêgke | jêngkunira tinêkuk mung sawatara | bênggange ||

50. Yèn tyang (n)dêmênakkên lêbêting purusa | kawite | ingkang ngandhap ingkang iring têngên sarta | patrape | lir baita layar anjog rumambaka | têngahe ||

51. Yèn wus prapta nglêbêt jêlamprang patrapa | kang sarèh | alon-alon yèn toya lir yiyit mina | ngêcêpèh | lah ing ngriku lajêng kenging kasêngkakna | tandange ||

52. Yèn tyang sumèh saking ngandhap pasunatan | wiwite | praptèng têngahing baga madya wiwara | campuhe | yèn wis mijil yiyit lajêng katindakna | rukête ||

53. Yèn tyang manis saking ngandhap pasunatan | wiwite | radi ngiwa lir brêmara ngisêp sêkar | tingkahe | bilih sampun campuh nèng sajroning baga | sartane ||

54. Wus binanton toya lir yiyiting mina | malihe | wus senggolan lawan talanakanira | nulya ge | sinarêngan nanging kang awis kewala | tindake ||

--- 4 : 74 ---

55. Yèn tyang mêrakati ngandhap pasunatan | wiwite | wusing manjing lir ngisik-ngisik lêngênnya | patrape | tumindaking purusa lir lumaksana | pinggire ||

56. Ing jujurang kang alon supaya aywa | malèsèt | bilih sampun binanton lir yiyit mina | lajênge | kasarênga saha ngrangu napasira | santêre ||

57. Yèn wus bantêr wêdaling napasing grana | kang sisèh | lajêng kenging winêdalkên mani maya | jumbuhe | lan wêdaling rahsaning wanita uga | sarênge ||

58. Tyang jatmika saking nginggil pasunatan | purwane | patrapipun lir mangaras lisah tama | wangine | dumuk-dumuk rumuhun supados mêdal | manahe ||

59. Kawistara gadhah grêgêt myang wus mêdal | yiyite | sang purusa tumulya kalêbêtêna | mring hèse | ywa talangke dènnira mrih rasa tama | slisire ||

276. Salisir

1. Dhasar cucut endrasmara | carita mrih sukanira | tamu kang suka miyarsa | gar-gêr pindha ngadu sata ||

2. Kang sampun gumlar sadaya | purwaka tamtu lir ngarsa | mung tingkahe tumanduknya | punika kang beda-beda ||

3. wontên malih sadèrèngnya | matrapkên pastapurusa | kêdah mawas tyangira |Kurang satu suku kata: kêdah mawas tiyangira. pamulune kang sarira ||

4. Yèn tiyang cêmêng-manis ika |Lebih satu suku kata: Yèn tyang cêmêng-manis ika. panggènanne kang asmara | wontên lathi kalihira | lawan nèng wudêl manggènnya ||

5. Mila bilih yun cumbana | kêdah dipun-wiwitana | ngaras lathi kalih sarta | angalapa napasira ||

6. Wêdale napas wanita | kang priya anampannana | linnêbêtkên dhatêng garba | gya mangingsêp wudêlira ||

7. Ing wanci wêdaling rahsa | pukul kalih tamtunira | nanging yèn kapadhan karsa | èstu tilar wancinira ||

--- 4 : 75 ---

8. Nêmu-giring kang sarira | ijêm pupus sasaminya | manggènnipun kang asmara | lan cêmêng-manis pan samya ||

9. Tan seos samuwanira | mung wanci wêdaling rahsa | wit jam kalihwêlas ngantya | dumugi ing êjam sapta ||

10. Bang-bang awak kang sarira | manggènne asmaragama | wontên mripat kalihira | bilih yun murwèng sanggama ||

11. Mripat kalih dèn-arassa | dene wêdaling kang rahsa | awit jam nêm sontên ngantya | dumugi ing bangun rina ||

12. Bilih abrit kang sarira | panggènanne kang asmara | wontên ing pilingan kiwa | bilih yun murwèng sanggama ||

13. Punika kang dèn-arassa | dene wêdaling kang rahsa | ing têngah dalu dumugya | Jam sakawan enjing ika ||

14. Sarampunging parlu nulya | ngêlêtngêlêk. kêcohnya priyangga | tigang êlêtanêlêkan. punika | minangka ngêjogi rahsa ||

15. Lah yayi amung punika | mangunahing rakapara | kang wus katandangan samya | lam-lammên tan sagêt lupa ||

16. Cêbolang sarencangira | sadaya suka miyarsa | ing gotèke Endraprastha | mawantah tanpa warana ||

17. Kasaru ing praptanira | Kyai Kaji Nurgirindra | ngadêg nèng têngah wiwara | alon dènnira tatanya ||

18. Pantèn sapa tamunira | têka rame sun-miyarsa | gar-gêran asukarêna | pratandha condhonging karsa ||

19. endrasmara apranata | tamu saking ing pracima | tanah Kêdhu Kilèn-Praga | badhe dhatêng Pranaraga ||

20. Mas Cêbolang kakasihnya | myang sakawan rencangira | Ki Nurwitri Ki Saloka | Palakarti Kartipala ||

21. Sontên wau dhatêngira | (n)jujug ing sêndhang anulya | kula bêta marang wisma | Ki Kaji mapan lingira ||

22. Sukur Alkamdulilahi | ulun uga sukèng ati | sira tamuwan pêrmati | yèn padha lêga ing ati ||

23. Iki durung pati wêngi | prayoga ing wismamami | sasambèn maulud Nabi | samonèku yèn marêngi ||

--- 4 : 76 ---

24. Kang sinung ling saur-pêksi | sadaya (n)dhèrèk sakapti | linggar saking pondhoknèki | Ki Kaji lumakyèng ngarsi ||

25. Pandhapa wus dèn-gêlari | pasugatanya miranti | samêkta rasulannèki | Ki Kaji angancarani ||

26. Marang anak-anak sami | klasa gumlar dènlinggihi | hèh kabayan dèn-agati | inggalêna lurah santri ||

27. Kang pêdhêk-pêdhêk kewala | Kasan Giri Amat Arga | Ngabdul Sarsa Sèh Andaka | trêbange konên anggawa ||

28. Tan dangu wus samya prapta | pranata lan tamunira | winanuhkên sadayanya | wus samya jagong satata ||

29. Girindra alon lingira | kalamun uwus samêkta | Bismilah wawi awita | kang sinung ling tur sandika ||

30. Wus tapuk guyup sadaya | sanajan pra santri arga | samya lêbda lagu praja | pramila dhaup kewala ||

31. Kandhuri rasulan dama | tamating maulud nulya | andonga matumpa-tumpa | bakda gya nadhah binagya ||

32. Barêkat binuntêl nulya | lurah santri mundur samya | raraosan turut marga | ngalêm warna myang swaranya ||

33. Ana ingkang ngudarasa | baya dudu wong pracima | tandang tanduke katara | kaya wong kulinèng praja ||

34. Rowangnya ngling dhasar iya | wus lawas nèng Ngèksiganda | kulina para ngulama | lan para mashuring praja ||

35. Layak bae mangkana-a | pasêmone wus katara | wingit wênês amrakatya | upama wis rada tuwa ||

36. Pasthi dadi aoliya | apêse wong alim ika | basa iku masih mudha | mêmpêng-mêmpênge asmara ||

37. Sigêg kang samya rêrasan | nahan kang wontên ngarêpan | Mas Cêbolang tan linilan | mantuk maring pamondhokan ||

38. Cêbolang antuk wawêngan | dènnya adrêng ayun wikan | nênggih ngèlmining Pangeran | alon wijiling aturan ||caturan.

39. Ulun kêrêp amiyarsa | ngèlmi sangang puluh sanga | winastan Asmaul-kusna | kang dèn-agêm Asmanira ||

--- 4 : 77 ---

40. Pangeran kang Maha Mulya | kasêbut jroning Kur'an nyata |Lebih satu suku kata: kasbut jroning Kur'an nyata. ing sajuga-juganira | pyambak-pyambak paedahnya ||

41. Dhuh babo risang minulya | bilih sambada ing karsa | kaparênga mêdharêna | kêdah sangangpuluh sanga ||

42. Ki Kaji mèsêm lingira | iya ngantèn dhasar nyata | kabèh janma kang aminta | ing sarat§ Prayoginipun / isarat /. maring manira ||

43. Kang dakwèhkêndak wèhkên. nora liya | pêthikan Asmaul-kusna |§ Asma'ul Husna, bs. Arab: Kaendahing Asma. Ing Sêrat Cênthini asli kasêrat aksara Jawi rupi têmbang, mila botên sagêd cèplês, têmbung-têmbungipun dados ewah. Murih cêthanipun, ing Sêrat Cênthini Latin punika sabên-sabên Asma dipunkanthèni sêratan Arabipun, sarta lafadzipun ing aksara Latin. Têmbung lan lafadz wau wontên ing salêbêting kurung jêjêg, [...] botên pêrlu kawaos sarêng kaliyan têmbangipun. Dene sêratan Arab dalah lafadz ing aksara Latin wau pêthikan saking buku: 'Himpunan Ayat-ayat Qur'an ... dst ... ' oleh Mahfudli Sahli, têrbitan Majuddin Sêmarang, kaca 39 dumugi 60. saka barêkahing Asma | kasêmbadan Lonthang-ira ||

277. Lonthang

1. Sapa wonge arêp yakin atinira | amaca-a apal§ Prayoginipun / lapal /. iki Alahuma | inna nasaluka rahmatan ya aman ||

2. Huwalahul-ladi la ilaha huwa | mung punika sukur bage sabên dina | (ng)gonne maca yêkti yakin manahira ||

3. Ingkang lapal nglimul gèbi wa nahdati |Guru lagu seharusnya: 12a,. sapa maca ping satus sawusing salat | tuhu-tuhu kabuka ing manahira ||§ Asma"lul Husna angka l boten kaserat, i.p.: [...] = Allah.

4. Lapal Huwar-rahmana (2. [...] = Ar Rahmaan) sing sapa maca wusing salat kaping satus mangka nyata |Pada baris ini seharusnya menjadi 2 baris: Lapal Huwar-rahmana sing sapa maca / wusing salat kaping satus mangka nyata. ngilangakên lalènne sagêsangira ||

5. Ingkang lapal Rahkimu (3. [...] = Ar Rahiim) sing sapa maca kaping satus nanging sabên-sabên dina |Seperti di atas: Ingkang lapal Rahkimu sing sapa maca / kaping satus nanging sabên-sabên dina. mangka niku dadya kinasih sanyata ||

6. Ingkang lapal Al-maliku (4. [...] = Al Malik) sapa maca nglanggêngakên pamacane sabên dina |Seperti di atas: Ingkang lapal Al-maliku sapa maca / nglanggêngakên pamacane sabên dina. pan santosa ing tyase jalma punika ||

--- 4 : 78 ---

7. Lapal Al-kudusi (5. [...] = Al Quddus) sapa wonge maca | sabên arining wanci lingsir wayahnya | mangka iku wêning atine wong ika ||

8. Ingkang lapal As-salamu (6. [...] = As Salaam) tinulisi |§ Prayoginipun / tinulis ing / [Seharusnya guru lagu: 12a; tinulisa. roti gandum, bakda Subuh pamangannya | dadi sipat, lir malaikat wong ika ||

9. Ingkang lapal Al-mukminu (7. [...] = Al Mukmin) winaca-a | ing wong lara ping sawêlas mangka sirna | laranira saking kuwasaning Suksma ||

10. Kang lapal Al-muhèminu (8. [...] = Al Muhaimiin) yèn winaca, sabên dina kaping satus kathahira |Seperti di atas: Kang lapal Al-muhèminu yèn winaca / sabên dina kaping satus kathahira. mangka luput dialani mring wong liya ||

11. Ingkang lapal: Al-ngajiju (9. [...] = Al'Aziiz) sapa maca | kala adus kaping satus kathahira | mangka luwih mulya atine wong ika ||

12. Ingkang lapal Aljabaru (10. [...] = Al Jabbar) yèn winaca, kaping patangpuluh siji sabakdanya |Seperti di atas: Ingkang lapal Aljabaru yèn winaca / kaping patangpuluh siji sabakdanya. Subuh mangka kang nêdya drêngki tan ana ||

13. Lapal Al-mutakabiru (11. [...] = Al Mutakabbir), yèn winaca ping salikur mangka salamêt wong ika |Seperti di atas: Lapal Al-mutakabiru yèn winaca / ping salikur mangka salamêt wong ika. lawan têbih saking wong kang nganiaya ||

14. Lapal Al-kaliku (12. [...] = Al Khaliq) lamun yun cumbana, lawan garwa, winaca mangka yèn dadya |Seperti di atas: Lapal Al-kaliku lamun yun cumbana / lawan garwa winaca mangka yèn dadya. anak salèh krêjêkèn ajrih ing Suksma ||

15. Ingkang lapal: Al-bariu (13. [...] = Al Baarii) yèn winaca kaping satus, mangka benjing yèn palastra |Seperti di atas: Ingkang lapal: Al-bariu yèn winaca / kaping satus mangka benjing yèn palastra. dadya padhang ing kubure jalma ika ||

16. Kang lapal Al-musawiru (14. [...] = Al Mu) shawwir, lamun ana | jalma wadon kang tan manak puwasa-a | lir pasa agung lawan sabên ayun buka ||Lebih satu suku kata: Lir pasa gung lawan sabên ayun buka.

17. Maca ayat iku kaping kalihdasa | dinamokna ing toya gya dèninuma | ing lawase puwasa mung pitung dina ||

--- 4 : 79 ---

18. Insa Allah darbe putra lamun priya | warni bagus yèn wadon ayu rupanya | sarta akèh rêjêkine myang gung bêkja ||

19. Ingkang lapal: Al-gapparu (15. [...] = Al Ghaffaar) sapa maca, | nuju ari Jum'at ping satus kathahnya | pan sampurna sakèhe dosane ika ||

20. Ingkang lapal Al-laharu§ Prayoginipun / Al-kaharu /. (16. [...] = Al Qahhaar), lamun jalma, | duwe kajat winaca ping satus ana | ing jro wisma utawa jro masjid ika ||

21. Wanci têngah dalu sarta (n)junjung asta | dènbuka sirahe ywa kasasaban | insa Allah tinêkan sakajatira ||

22. Ingkang lapal: Al-wahabu (17. [...] = Al Wahhaab) sapa ingkang | ngakèhakên ing pamaca nora harda | sênêng marang ing donya sasamènira ||

23. Ingkang lapal Ar-rajaku (18. [...] = Ar Razzaaq) yèn winaca | sadurunge salat Subuh nèng padonnya | wismanira maju pat madhêp keblatnya ||

24. Ingkang sapadon, ping satus pamacanira | mangka ingkang angênggonni omah ika, | nora kêna malarat salaminira ||

25. Ingkang lapal: Al-pataku§ Prayoginipun / Al-patahu /. (19. [...] = Al Fattaah), sapa maca | bakda Subuh asidhakêp astanira | dadya amot jêmbar budine wong ika ||

26. Ingkang lapal: Al-ngalimu (20. [...] = Al 'Aalim) sapa ingkang | ngakèhakên pamacane, mangka dadya, | wruh wong ika marang ilmu ingkang nyata ||

27. Ingkang lapal: Al-kabilu (21. [...] = Al Qaabidlu) winacakna | maring sêkul sakkêpêl yèn ayun nêdha | laminira ing dalêm patangpuluh dina ||§ Kêkathahên sawanda, mila prayoginipun / patangpluh / [atau laminya].

28. Sabên-ari, nora pêgat pamacanya | insa Allah, saka barêkahing Asma, | mangka nora kêna kaluwèn wong ika ||

--- 4 : 80 ---

29. Ingkang lapal: Al-basiku§ Prayoginipun / Al-basitu /. (22. [...] = Al Baasithu), winaca-a, | nèng ra-ara, ping sadasa (n)junjung asta, | wusing bakda dènusapêna ing surya ||suryan = dahi.

30. Mangka nora, hajat (n)jêjaluk wong ika | wis dilalah, rinêksa Hyang Maha Nasa, | satibane nora tumêka ing nistha ||

31. Lapal Al-kapilu§ Prayoginipun / Al-kopidu /. (23. [...] = Al Khaafidh) sapa wonge darbya, | satru mangka, puwasa-a têlung dina, | dèn waca-a ping sèwu Rêbo arinya ||

32. Satrunira yèn nêdya ngalani sira | insa Allah satingkahe tan tumêka | Kyai Slamêt kang rumêksa marang sira ||

33. Lapal Ar-rapingu (24. [...] = Ar Raafi') yèn sira yun dadya | sasêliran wacanên ping satus poma | wancinira têngange bêdhuk raina ||

34. Ingkang lapal, Al-mungiju (25. [...] = Al Mu'izz) yèn winaca | kaping satus patangpuluh wayahira | antarane Mahribi lan wêktu Ngisa ||

35. Malêm Sênèn utawa ing malêmira | Jum'ah mangka ilang ajrihe wong ika | dadya kêndêl sarta têtêg manahira ||

36. Ingkang lapal Al-mudilu (26. [...] = Al Mudzill) yèn winaca | kaping pitungpuluh lima sujud sigra | ingkang ayun sêdya drêngki tan tumêka ||

37. Asma As-samingu (27. [...] = As Samii') kalamun winaca | kaping limangatus wusing salat Luka | Insa Allah tinêkan panyuwunnira ||

38. Asma Al basiru (28. [...] = Al Bashiir) ping satus winaca | antarane sunat Jum'ah lan prêlunya | nir kiyanat abêning paningalira ||

39. Asma Allah, Kimu§ Prayoginipun / Asma Al-hakamu /. (29. [...] = Al Hakam) kalamun winaca | kaping sèwu têngah wêngi wancinira | Gusti Allah ngêbaki ngèlmu sanyata ||

--- 4 : 81 ---

40. Ingkang Asma Al-ngandu§ Prayoginipun / Al-ngadlu /. (30. [...] = Al 'Adlu) kalamun arsa | sugih batur wêdi asih kumawula | wacanên ing apêm dene kathahira ||

41. Kalihdasa cuwil sabên ing sajuga | cuwil maca Asma anulya tinêdha | insa Allah antuk sawabe kang Asma ||

42. Asma Al-latipu (31. [...] = Al Lathiif) kalamun winaca | kaping satus mring wong mlarat wong kalaran | yêkti sirna mlarate myang lêlaranya ||

43. Asma Al-kabiru (32. [...] = Al Khabiir) kalamun winaca | ora nana wong kang darbe cipta ala | mring kang maca lyan jalma muji raharja ||

44. Asma Al-kakimu§ Prayoginipun / Al-kalimu /. (33. [...] = Al Haliim) nyirnakakên sakèhnya |Lebih satu suku kata: Asma Al Halimu nyirnakkên sakèhnya. amaning kang tanduran tanapi gaga | tinulisa ing kêrtas nulya dènkumma ||

45. Ing pangaron anulya siniramêna | mring tanduran lamun sawah dèndèkèkna | nèng tulakan insa Allah awidada ||

46. Asma: Al-ngalimu (34. [...] = Al 'Adhiim) yèn rêmên amaca | rina wêngi mangka padhang manahira | tur dèn-gungkên maring samining dumadya ||

47. Asma: Al-gapuru (35. [...] = Al Ghafuur) yèn ana wong nandhang | lara ngêlu tinulisa kêrtas nulya | dinèkèkkên ing sirah saklah waluya ||

48. Asma: As-sakuri (36. [...] = As Syakuur) yèn pêtêng netranya | winacakkên toya ping patpuluh juga | pinupuhan ing netra ical pêtêngnya ||

49. Asma: Al-ngaliyu (37. [...] = Al 'Aliyu) tinulis kêrtasnya | kangge jimat rarya kunthing saklah dadya | wlagang longgor pêngkêr gampang rijêkinya ||

50. Asma: Al-kawiru§ Prayoginipun / Al-kabiru /. (38. [...] = Al Kabiir) sapa ngêlêngêna | pamacane mangka sakèhing manungsa | padha ngêgungkên marang kang maca ||Kurang dua suku kata: padha ngêgungakên marang kang amaca.

--- 4 : 82 ---

51. Asma: Al-kawilu§ Prayoginipun / Al-kapidu /. (39. [...] = Al Hafiidh) yèn ana pawaka | miwah toya agung iku winaca | insa Allah salamêt nora sangsara ||

52. Asma: Al-mukitu (40. [...] = Al Miqiit) Lamun ana rarya | sugih tangis winaca nèng kêndhi nulya | ingisènan toya kangge siram rarya ||

53. Asma: Al-kasibu (41. [...] = Al Hasiib) yèn arsa raharja | saking satru wong jail miwah wong ala | winaca-a enjang sontên pitung dina ||

54. Asma: Al-jalilu (42. [...] = Al-Jaliil) tinulis mangsinya | lênga wangi kinarya jêjimat mangka | sakèh jalma padha wêdi asih trêsna ||

55. Asma: Al-karimu, (43. [...] = Al Kariim), lamun arsa nendra, winaca, nganti têkan lêsing nendra, pra malaikat (n)dongakêna mulyanira ||Baris ini menjadi 3: Asma: Al-karimu lamun arsa nendra / winaca nganti têkan lêsing nendra pra / malaikat (n)dongakêna mulyanira / /.

56. Kapal:Lapal. Al-rakibu (44. [...] = Ar Raqiib), lamun winacakna, mring wadonne, myang mring anak kathah ika, mandan runtut, anak tan ana sulaya ||Baris ini menjadi 3: Kapal: Al-rakibu lamun winacakna / mring wadonne myang mring anak kathah ika / mandan runtut anak tan ana sulaya / /.

57. Asma: Al-mujibu (45. [...] = Al Mujiib), sing sapa amaos,amaca. Asma iku, mangka Allahu tangala, nyantosakkên ing manahe kang maca ||Baris ini menjadi 3: Asma: Al-mujibu sing sapa amaos / Asma iku mangka Allahu tangala / nyantosakkên ing manahe kang maca / / [Kurang satu suku kata: nyantosakakên ing manahe kang maca].

58. Asma Al-wasingu, (46. [...] = Al Waasi'), ingkang darbe karsa, ing sawiji-wiji, wiji ngakèhna pamaca, insa Allah tinêkan barang karsanya ||Baris ini menjadi 3: Asma Al-wasingu ingkang darbe karsa / ing sawiji-wiji wiji ngakèhna pamaca [lebih dua suku kata: ing sawiji-wiji ngakèhna pamaca] / insa Allah tinêkan barang karsanya / /.

59. Rapal: Al-kalimu§ Prayoginipun / Al-kakimu /. (47. [...] = Al Hakiim), sing sapa amaca, mangka Allah ngapura sakèh dosanya, mring kang maca insa Allah ora cidra ||Baris ini menjadi 3: Rapal: Al-kalimu sing sapa amaca / mangka Allah ngapura sakèh dosanya / mring kang maca insa Allah ora cidra / /.

60. Asma: Al-wadudi, (48. [...] = Al Waduud) lamun ana jalma, nora atut ênggonne apalakrama, para padu asulaya ||Baris ini menjadi 3: Asma: Al-wadudi lamun ana jalma / nora atut ênggonne apalakrama / para padu asulaya [kurang dua suku kata: 12a].

61. Winacakna, ing panganan kang prayoga, pinakakna, mring kang marahi sulaya, insa-Allah atut runtut wong punika ||Baris ini menjadi 3: Winacakna ing panganan kang prayoga / pinakakna mring kang marahi sulaya / insa-Allah atut runtut wong punika / /.

--- 4 : 83 ---

62. Asma: Al-majidu (49. [...] = Al Majiid), lamun ana jalma, dèn-sêngiti marang kadang sanak mitra, winaca-a kaping pitung puluh sapta ||Asma: Al-majidu lamun ana jalma / dèn-sêngiti marang kadang sanak mitra / winaca-a kaping pitung puluh sapta / /.

63. Wusing tamat dinamokna ing sarira, insa Allah, kèhing kadang sanak mitra, nulya padha mulyakkên bêrkating Asma ||Seperti keterangan diatas yaitu menjadi 3 baris; 12a, 12a, 12a dan di tempat lain.

64. Asma: Al-bangisu (50. [...] = Al Baa'its), kalamun winaca, kaping satus, siji sidhakêp astanya, insa Allah mintir wêning nalarira ||

65. Asma: As-sahidu (51. [...] = As Syahiid), yèn darbe atmaja, lanang wadon kalle tan salèh atinya, wanci Subuh babathuke cinêkêla ||

66. Ingkang sarta dhêngakêna mring akasa, sarta maca kaping sawêlas kang Asma, insa Allah dadya salèh rarya ika ||

67. Kang Asma: Al-khakku; (52. [...] = Al Haq), lamun ana jalma, kang kelangan barang kinggatan kawula | tinulisa kêrtas majupat têngahnya ||

68. Ranning barang, myang kang minggat panulisnya, têngah dalu, gya sinèlèhkên ing asta, myang tumênga, insa Allah ntuk pratela ||

69. Asma: Al-wakilu (53. [...] = Al Wakiil), lamun ana toya, miwah gêni, angin gêdhe winaca-a, insa Allah salamêt nora sangsara ||

70. Asma: Al-kuwatu§ Prayoginipun / Al-kawitu /. (54. [...] = Al Qawiy), kalamun katêkan, mungsuh luwih gêdhe, iku winacakna, marang apêm sèwu iji kathahira ||

71. Gya binukti sarta bihalangkên kaga, niyatira, nulak satru sarta maca, yaa kawiyu, mungsuhe ajrih sadaya ||

72. Asma: Al-Muniru§ Prayoginipun / Al-matinu /. (55. [...] = Al Matiin), yèn èstri wawêka, mangka nora, mêdal toya susunira, tinulis nèng pinggan putih sawusira ||

--- 4 : 84 ---

73. Sastra garing, nulya sinungana toya, wussing akum, dèninum myang binorèhan, mring prêmbayun, sa Allah mêdal toyanya ||

74. Asma: Al-waliyu (56. [...] = Al Waliy), yèn darbe wanodya, mangka lumuh kinarsan among asmara | winaca-a têmah miturut sakarsa ||

75. Asma: Al-kamidu (57. [...] = Al Hamiid)' yèn tyang cangkêm ala, winaca ing kanaka tinuruh toya, inginumkên ilang cangkême kang ala ||

76. Asma: Al-kamiru§ Prayoginipun / Al-muksiu /. (58. [...] = Al Muhshiy) ping sèwu winaca, nuju ari, Jumuwah saklah raharja, saking siksa ngakerat ing têmbenira ||

77. Asma: Al-mubdiu (59. [...] = Al Mubdiu); yèn wawrat wanodya, winaca ping, sanga, driji dènubêngna, ing padharan salamêt wawratanira ||

78. Asma: Al-mungidu (60. [...] = Al Mu'iid), yèn kadang sanaknya, tan karuwan, ing dununging winaca-a, padon wisma, catur gya antuk pawarta ||

79. Kang Asma: Al-mukyi§ Prayoginipun / Al-muhyi /. (61. [...] = Al Muhyiy), kalamun sarira, ajrih mlarat, winaca Asma punika, insa Allah lastari sarta raharja ||

80. Asma: Al-mumitu (62. [...] = Al Mumiit), kalamun winaca, duk yun nendra, tumêka panendranira, insa Allah nir rubeda jroning nendra ||No. bait pada cetakan asli no. 70.

81. Kang Asma: Al-iyu§ Prayoginipun / Al-hayyu /. (63. [...] = Al Hayyu) kalamun winaca, nèng têngahing ara-ara pamacanya, insa Allah dadi kêndêl manahira |

--- 4 : 85 ---

64 ||§ Asma angka 64 boten wonten ing Serat Centhini IV punika, i.p: ... = Al Qayyuum.

82. Asma: Al-wakidu§ Prayoginipun / wajidu /. (65. [...] = Al Waajid), kalamun winaca, ing nalika sabên-sabên nêdha, mangka dadya padhang manahing wong ika ||

83. Asma: Al-wajidu§ Prayoginipun / Al-majidu /. (66. [...] = Al Maajid), lamun winacakna, ing panganan kang manis-manis rasanya, mangka dadya ilang alane tyasira ||

84. Asma: Al-akadu§ Prayoginipun / Al-wakidu /. (67. [...] = Al Waahid) winaca nalika, akapêncil, ing lampah myang bandayuda, ngalih wisma malaikat nulung sira ||

85. Asma: As-samadu (68. [...] = As Shamad) kalamun winaca, ping sawêlas, (m)bari sujud wancinira, têngah dalu dadya sidik paningalnya ||

86. Asma: Al-kadiru (69. [...] = Al Qaadir), lamun ayun jaya, ing donyane winaca nalikanira jroning wulu ing dalêm gaotanira ||

87. Asma: Al-muktadiru (70. [...] = Al Muqtadir) winaca kala, wungu nendra mangka dadi wruh wong ika, ing gawene kang sabênêr-bênêrira ||

88. Asma: Al-mukadimu (71. [...] = Al Muqaddim) yèn arsa yuda, gya winaca sa Allah nora tumêka, gêgamaning mêngsah satêmah yuwana ||

89. Asma: Al-muajiru§ Prayoginipun / Al-muakiru /. (72. [...] = Al Muahkhir) lamun winaca, sabên ari kaping satus kathahira, manjing ing tyas, sakèhing kabêcikannya ||

90. Asma: Al-owalu§ Prayoginipun / Al-awalu /. (73. [...] = Al Awwal), lamun sira arsa, kasambadan sakajate winaca-a, kaping sèwu, pitung Jumuwah laminira ||

91. Asma: Al-akiru (74. [...] = Al Aakhir), kalamun winaca, sabên ari, mangka dadi olèh sira, panggaweyan kang bênêr bêcik sanyata ||

--- 4 : 86 ---

92. Asma: Al-lahiru (75. [...] = Al Dhaahir), kalamun winaca, sabên-sabên bakdane sêmbahyang ika, mangka dadya padhanging paningalira ||

93. Asma: Al-batinu (76. [...] = Al Baathinu), kalamun winaca, sabên dina, kaping tigangdasa-tiga, mangka olèh ngèlmu rasa kang sanyata ||

94. Asma: Al-waliku§ Prayoginipun / Al-waliyu /. (77. [...] = Al Waliy), yèn arsa raharja, dènnya omah-omah adoh pancabaya, tinulisa ing kêndhi anyar anulya ||

95. Binuwanga maring banyu sawusira | isi toya ingkang kêndhi dèn-jupuka | dèn-êcurna saubênging pagêr wisma ||

96. Asma: Al-mutangaliyu (78. [...] = Al Muta'aaliy) winaca-a, jalma èstri, nuju kèl myang nipas ika, insa Allah slamêt tan na kara-kara ||

97. Kang Asma: Al-baru (79. [...] = Al Bar) winaca ping sapta, dinamokkên maring rarya lit atmajanta, insa Allah salamêt kalis ing lara ||

98. Asma: Al-tawabu (80. [...] = Al Tawwaab), kalamun winaca, kaping satus, sawidak bakdaning Luka, mangka ingapura sakèhing dosanya ||

99. Asma: Al-muntakinu§ Prayoginipun / Al-muntakimu /. (81. [...] = Al Muntaqim), sing sapa maca, kalle akèh mangka Allahu Tangala, manjingake sawarga maring wong ika ||

100. Kang Asma: Alngapwu§ Prayoginipun / Al-ngapuwu /. (82. [...] = Al Afuww) kalamun winaca, rina wêngi, namung sapikantukira, ingapura ing sadosa-dosanira ||

101. Asma: Ar-rauku§ Prayoginipun / Al-raupu /. (83. [...] = Ar Rauuf), kalamun winaca, sabên ari namung sakuwasanira, nora kêna kinaniaya ing liya ||

--- 4 : 87 ---

102. Kang Asma: Malikal Mulki (84. [...] = Maalikul Mulki), Dul jalali wal Ikrami (85. [...] = Dzul Jalaali wal Ikraam) |Pada baris I (Kang Asma: Malikal Mulki Dul jalali) dhongdhing jatuh huruf i seharusnya a. yèn arsa sugih nglênggana,§ Prayoginipun / ngelengna /. ing mamaca ari ratri aywa lapa ||§ Prayoginipun / lupa /.

103. Asma: Al-Muksitu (86. [...] = Al Muqsith) lamun sira arsa, slamêt saking, sakèhing godha rêncana, aywa lupa winaca sakuwasanya ||

104. Asma: Al-jamingu (87. [...] = Al Jaami') lamun sira arsa, kasinungan momong wong akèh wiaca,winaca. wêktu Luka nênga langit ping sadasa ||

105. Asma: Al-ganiyu (88. [...] = Al Ghaniy), lamun sira arsa, slamêt saking sakèhe bilai poma, winaca-a amung sakuwasanira ||

106. Kang Asma: Almugni (89. [...] = Al Mughniy), sapa ingkang maca, ping sapuluh Jumuwah sa-Jumuwahnya, kaping sèwu nora pêgat rijêkinya ||

107. Kang Asma: Almuti,§ Asma Almuti boten wonten ing antawisipun 99 Asma'ul Husna. sapa wonge maca, tan winanci muhung sakuwasanira, nora karêm jêjaluk mring liyanira ||

108. Asma: Almaningu (90. [...] = Al Maani'), yèn ana wanita, binêndon ing laki winaca yèn arsa, nendra mangka ilang nêpsune lakinya ||

109. Asma: Al-kalaru§ Prayoginipun / Ad-darru /. (91. [...] = Adh Dhaarr), kalamun winaca, nuju malêm Jumuwah ping satus ika, mangka nora kêna mlarat salaminya ||

110. Asma: An-napingu (92. [...] = An Naafi') yèn kesah baita, winaca-a ping satus sabên sadasa, dinamokna ing prau tan kêna kèrêm harja ||

--- 4 : 88 ---

111. Kang Asma: An-nuru (93. [...] = Nuur) sapa ingkang maca, wanci wêngi kaping sèwu kathahira, mangka sinung padhang tyase kang amaca ||

112. Kang Asma: Al-hadi (94. [...] = Al Haadiy), yèn sirarsa tampa, drajating wong Arip winaca tumênga, (n)junjung asta tamat ingusapkên surya ||suryan.

113. Asma: Al-badingu (95. [...] = Al Badii') yèn prihatin sira, winaca-a kaping sèwu kathahira, insa Allah sirna kang prihatinira ||

114. Kang Asma: Al-baki (96. [...] = Al Baaqy), sing sapa amaca, kaping satus mangka yêkti tinarima, ing sakèhe amale wong kang amaca ||

115. Asma: Al-warisu (97. [...] = Al Waarits), kalamun winaca, kaping satus sadurunge mêtu surya, tan ngênani sawiji-wiji mring sira ||

116. Asma: Arasidu (98. [...] = Ar Rasyiid), sapa yun uninga, ing tingkahe, miwah mring sariranira, winaca ping sèwu sasirêping jalma ||

117. Asma: As-saburu (99. [...] = Ash Shabuur), ping satus winaca, antarane Mahribi kalawan Ngisa, sabar amot wêlasan yudakanaka ||

278. Pangkur

1. Wus tamat Asma'ul Kusna | myang prêlune Asma sawiji-wiji | pawong-sanak ingkang kasdu | miminta marang ingwang | warna-warna ancas karsane kang manus | minta bêrkah minta sarat | minta tamba minta sugih ||

2. Kang dakwèhke nora liya | muhung mêthik saking Asmaning Widdhi | sangang puluh sanga wau | basane awrat ringan | de awrate kudu tumêmên ing kalbu | lumintu sarèh narima | mêlêng aywa bèncèng pikir ||

--- 4 : 89 ---

3. Ènthènge tanpa acêgah | nanging paran wis watêke wong cilik | kang kurang pamikiripun | nêtêpi kêbodhowan | arang ingkang ngandêl malah grunêngipun | tiwas nyêngka kraya-raya | mung mêngkono jêbulnèki ||

4. Thênging tyas mung nyuwun barkah | katêkanna kang dadi kajatmami | nora arêp jaluk wuruk | pujian mèl-êmèlan | beda têmên lan ki Dul Lothung kang kombul | omahe kêbak panganan | mênyan kêmbang borèh wangi ||

5. Kadhang nganggo mundhut arta | sakolure kanggo slamêtan amrih | gatine kang dadya kayun | ingkang padha tumêka | nora susah dipurih awèh wus tamtu | nganak-anakake arta | katulak eklasing ati ||

6. Kang mangkana wus maratah | tanpa titi mung lagi ngrungu warti | gurawalan numbuk bêntus | daya-daya ing karsa | nanging nora bisa maoni katèngsun | kasugihaning Pangeran | kamurahing Hyang Widdhi ||Kurang satu suku kata: kamurahaning Hyang Widhi.

7. Cêbolang sru sukèng nala | lan umatur sabda ingkang kawijil | kalangkung pamundhiulun | ingkang datanpa timbang | nir ing daya atur wawalês kang mungguh | tan lyan muhung sungkêm-amba | ing lair anrusing batin ||

8. Tumanêm ing maknawiyah | Kyai Kaji mènêmmèsêm. wacana manis | sukur Alkamdulillahu | nahan wus gagat-enjang | abubaran Cêbolang sarewangipun | wangsul maring pamondhokan | lajêng sêmbahyang Subêki ||

9. Kacarita Mas Cêbolang | wus sapasar dènnya nèng Wanagiri | Ki Kaji saya sihipun | ratri pantara siyang | tansèng ngarsa winêdharan sakèh kawruh | tanapi Ki endrasmara | lir sudara nunggil kapti ||

10. Kalok parapating desa | nahan wontên walanjar mêrakati | dêdêg lênjang sarwa turut | rema kèh sarwa krêsna | netra (n)jait kocak (m)balerah mawèh kung | grana runggihrungih. malicarma | lathi dhamis sumèh manis ||

11. Waja krêsna nglar brêmara | kuning wênês lugune cêmêng manis | dadya kakêmbanging kidung | wlanjaring Paricara |

--- 4 : 90 ---

awêwangi (m)Bokmas Dêmang Puspamadu | lêstari kadêmangannya | suyut sakèhing wong cilik ||

12. Tanapi parapat desa | tuwin para babenggole wong juti | samya rumêksa tan ayun | ngrurusak amitênah | labêt saking kalèban (m)bêg darma ayu | danarta busana boga | mintir lir ilining warih ||

13. Lêgawa anrusing nala | parmaning Hyang kacukupe lêstari | krêtarja sawêngkonipun | sêpi angkara murka | sabên taun lèk gêblage lakinipun | nyuruhi tangga parapat | kaum santri kinèn tahlil ||

14. Bakda tahlil tarêbangan | mangkya nuju tanggal gêblaging laki | wimbuh karohan ing tutur | Kyai ing Girimarta | katamuwan santri saking tanah Kêdhu | pramèng gêndhing tarêbangan | swara apik warna pêkik ||

15. Kadêmangan Paricara | jalu èstri sayuk anambut kardi | badhe sasêgahing tamu | maragat bèbèk ayam | menda gibas ing pawon swara gumuruh | èstri kang samya lah-olah | ing pandhapi wus rinakit ||

16. Sigêg kang anambut karya | Nyai Dêmang parentah marang dasih | ngaturi lir adatipun | kang maring Girimarta | pan winêkas Kiyai saputra-mantu | miwah santrinya sadaya | tinartamtu samya prapti ||

17. Kang kinèn mentar (n)dum paran | praptèng Girimarta matur kiyai | sowankula dipunutus | putranta (m)Bokmas Dêmang | mangke dalu kiyai myang putra-mantu | dipunaturi sadaya | tahlilan lajêng kêndhuri ||

18. Wah malah putra sampeyan | nyuwun kaum kalawan santrinèki | tarêbangipun ywa kantun | kyai lon lingira, |§ Kirang sawanda, prayoginipun / kiyai alon lingira / [Malah lebih satu suku kata; kyai alon lingira]. iya bêcik lawan tutura lurahmu | kajaba santri padatan | ulun ambêkta têtami ||

--- 4 : 91 ---

19. Santri saking tanah manca | kang sinung ngling manêmbah mundur aglis | kiyai mangetan gupuh | pinanggih endrasmara | myang tamune binejanan sadaya wus | endrasmara lan Cêbolang | wus rêmbuk salire wadi ||

20. Matur lirih maring rama | langkung suka sakarsa anjurungi | baskara diwasa surup | bakdane wêktu Ngisa | Kyai Kaji putra mantu santri tamu | mangkat saking Girimarta | ing Paricara wus prapti ||

21. Èstri laju maring wisma | jalu anèng pandhapa thirik-thirik | ri kang pinangka panunggul | Kiyai Nur Girindra | Nyai Dêmang wus tundhuk lan rabinipun | endrasmara papat pisan | (m)bêkta pawèstri sawiji ||

22. Ing warna kalangkung pelag | sumèh manis Nyi Dêmang tanya aris | puniku sintên (m)bakayu | baya manggunge kakung | dene dèrèng wontên kang kuciwèng sêmu | (m)bakayu sakawan pisan | têka sampun dènadhèni ||

23. Nyai endrasmara latah | adhi dêmang punika tamumami | saking Pingit asalipun | sarêngan santri gangsal | Mas Cêbolang ingkang pinangka pangayun | lan rakanta sinudara | kadi tunggil yayah bibi ||

24. botên ilok yèn lamisa | kula matur prasajan dhatêng adhi | Mas Cêbolang warninipun | plêg kadya Samba-pradan | sawêg nêdhêng ngèlmine sampun kacakup | kaot èstri lawan priya | lan punika botên kalih ||

25. (m)Bokmas Dêmang ririh tanya | (m)bakyu niku punapa rabinèki | yèn saking cariyosipun | namung sarêngan lampah | tunggil purug wikana saèstunipun | wawi takènna piyambak | lah adhi mang majêng ngriki ||

26. Kang kinèn tumungkul lingnya | sampun ulun kewala wontên ngriki | nulya pinaranan gupuh | sarwi asung pambagya | manuhake (ng)gih adhi kang nêmbe têpung | dhuh lae sintên sinambat | kula pun Siti Suwadi ||

27. Saking Pingit adrênging tyas | yun uninga ing ngèlmi kang sêjati | saru-siku datan ketung | ginunêm tan rinasa | awit Allah

--- 4 : 92 ---

satuhu sipat ngalimun | sampun ingkang bangsa badan | klêthêking tyas ngawikani ||

28. Èstu (m)botên kasamaran | lampah kula badhe mring Pranaragi | sasarêngan nèng dêlanggung | lan Kimase Cêbolang | awit alit kêmpal ngaos wontên Kêdhu | kulina duk alit mila | mila sêpên walangati ||

29. Rêsêping tyas Nyai Dêmang | tanggap tanduk mring para tamu èstri | mintir buja-kramanipun | sigêg kang mong tamu dyah | ing pandhapi wus pêpêg kang para tamu | awit tahlil swara rampak | Nur Girindra kang ngimami ||

30. Paragat tahlil andonga | Ki Nurwitri nasibi ngalik-alik | amin gumrênggêng gumulung | rampung pandonganira | ramya maca Patekah sadayanipun | tamat ing Patekah nadhah | satirahe dènbêrkahi ||

31. Pra tamu jênêk pinarak | Kyai Kaji parentah mring pra santri | padha sêntakên trêbangmu | Nurwitri abawa-a | gêndhing trêbang amirit gêndhing Mêntarum | didimène padha myarsa | para kadang-kadang wukir ||

32. Ki Nurwitri wus ambuka | gêndhing Kayun swara rum milêt mêthit | tarêbang gobyog gunêmbrung | pra santri tarung rampak | Allah kayun mubakên maholle wal ku | lubarani lajêngira | johar waliyul olahi ||

33. Kang samya mantuk winarna | dupi mirêng tarêbang amêlingi | bènèh lawan sabênnipun | samya wangsul sarêngan | lan têtangga tanapi parêpat dhusun | èstri atanapi priya | gumrubyug samya ningali ||

34. Jêjêl uyêl nèng plataran | bêntêt pêpêt minggah èmpèr pandhapi | uyêg tarêbang binarung | ngandhêlong iramanya | tandya suwuk maos salawat sadarum | angaring-aring uswasa | sinambi nginum nyênyamik ||

35. Nurwitri matur manêmbah | kyai miwah (m)bokmase yèn marêngi | tinimbang kang tinon suwung | prayogi dhinulêngan | iya atut nanging tan ana kang pêcus | (m)bok manawi tan lênggana | Siti Suwadi (n)dhulêngi ||

--- 4 : 93 ---

36. Ah apa iya gêlêma | endrasmara maringa wisma aglis | tarinên dhewe tamumu | kalamun wis kaduga | anjaluka lilah marang ing arimu | endrasmara wus mring wisma | manggihi Siti Suwadi ||

37. Dhuh yayimas lalu eman | langkung kathah jalma kang niningali | apa dene para tamu | tan ana sêdya linggar | sru karênan myarsa gêndhing têmbang kidung | saendah dhinulêngêna | kiraku luwih prayogi ||

38. Yayi krana-Lah kewala | yèn wus sagah dak matur maring nyai | kang sinung ngling mèsêm matur | ulun sumanggèng karsa | namung nyuwun ngampil sinjang kangge kudhung | endrasmara sukèng driya | matur maring nyai panti ||

39. Adhi nyai kadiparan | Nyai Dêmang sukèng tyas amurugi | Siti Suwadi rinangkul | apa kang dakwalêsna | dene nêmbe wanuh wus kadi sadulur | bangun turut wèh sukèng tyas | sakarsa tan nyulayani ||

40. Dhuh yayi woding wardaya | èstu lamun (m)bakyumu durung uning | wong andhulêng tingkahipun | apa kang dadya sarat | wêcakêna yayi ywa nganggo pakewuh | inggih kang-(m)bok namung sinjang | lêlêmês sawontênnèki ||

41. Nyai Dêmang wus sadhiya | endrasmara mêdal katur ing Kyai | wus dhangan sadayanipun | kiyai latah-latah | lah Nurwitri mangsa bodhowa sirèku | santriku anut kewala | sakancamu (n)jrudêmungi ||

279. Jurudêmung

1. Siti Suwadi wus mêdal | limar wilis ngagêm kudhung | mung katingal suryanipun | mancorong netra balerah | lir wulan katawêng mêndhung | munggèng têngahing pêndhapa | dhèmês mêmês sila panggung ||

2. Iyêg kang samya tumingal | labêt durung tau wêruh | mawarna pangiranipun | tlèdhèk wadon iku baya | priye mêngko

--- 4 : 94 ---

(ng)gonne gambuh | nganggo sindhèn apa ora | wong santri wiyaganipun ||

3. Ni Suwadi lêkas bawa | swara lantas wilêt arum | kang myarsa cingak sadarum | tumanêm mring tyas kasmaran | kapirangu gandrung-gandrung | laras slendro pathêt sanga | lagon Gambirsawit mungguh ||

4. Ya ila la ilalah | la ilaha ilalahu | Muhkamadun Kabibuhu | madum Muhkamad salalah | la ilaha ilulahu | Muhkamadun Kabibulah | Muhkamadun Kabibuhu ||

5. Tinampan ing santri samya | swara rêmpêg nora umyung | tarêbang agêng jumêngglung | dèrèng minggah kang irama | dhung prong prong pêg pak pong pong brung | dhung dhah dhung dhêng tong tung tung brang | gya dhulêng parikanipun ||

6. Tarlèn mung ingêla-êla | kawilêt lêlangan lagu | lêng lêng kalingan kalalun | kalangan langêning brata | marang mirong rangu-rangu | karungrungan maring riya | riyaning tyas lir tinutus ||

7. Puspa krêsna ing astana | kalabang sinandhung murub | karênan maring sihipun | satriya andêling yuda | surasaning tyas wulangun | wilatung buntal sarotan | anggung katingal wong agung ||

8. Dalanggung loro parannya | jangkrik gunung wong angrangkung | kadi tan nyimpang siringsun | kramaning pulasing wayang | satawana akukuncung | mêrakati warnanira | bêndera lit sun lalayu ||

9. Minarda ing pakêdhungan | patinggi tilar dhudhukuh | baya kasusahan wuyung | walulang rineka jalma | kukus gantung jêbug arum | wayanganne kang sinawang | sumapala polahipun ||

10. Atmaraga minangkara | tan sawala langêning hyun | srênging karsa kêmbang banyu | wisesa antuking nala | wusing karsa gayung sumur | dadi tatambaning branta | kunir jênar yèn katêmu ||

--- 4 : 95 ---

11. Narmada têmpur samodra | anyungap rasaning kalbu | gagêlang munggèng panuduh | tan liya-liya mung sira | sêsulung kang mêdal esuk | dalan gêdhe jroning praja | yèn tan lironsih kalurung ||

12. Macan galak wulu badhak | mangsaborong raganingsun | burad-pada (m)bok ya wanuh | guladrawa pinasthika | baya laliya maringsun | kang sela panglawêt ganda | kapisanan ing pandulu ||

13. Panu biru munggèng jaja | puspita lêsah ing gêlung | suntohi layon wong ayu | gong alit ing pawayangan | suntêdha bisa-a kumpul | karanjang pangubak nila | wus kaburan wartanipun ||

14. Samya karênan kang mulat | mring kang (n)dhulêng ojrat luhung | yèn têkan sèlèhanipumselehanipun. | tinampèn bawa sauran | inginggahkên gêndhingipun | ngalètèr akakalangan | abêsus saingga gambyong ||

15. Sisirig munyêt ing tingal | liringe kadya tinutus | maratani èstri jalêr§ Prayoginipun / jalu /. | ingkang kataman naratab | kakêtêge sêntug-sêntug | barêng angunjal ambêgan | jalu têngah tuwuh pikun ||

16. Lir gana kèh kang (m)bêngkayang | mangah-mangah manggut-manggut | pinathêt mêksa katrucut | gumêh kakêmpunge lêga | ngunjal napas mangap tanggung | bêtèke kataman brangta | kapiadrêng kalangkung ||Kurang satu suku kata: kapiadrênge kalangkung.

17. Kèh nyuwara tan riringa | titènana mêngko lamun | mantuk maring pondhokipun | dakadhang mangsa mrucuta | sapa wani malang megung | baya wus bosên nèng donya | (n)dak slênthik bae (m)balêdug ||

18. Kathah pangucaping jalma | kang samya kataman gandrung | wus rinantam jroning kayun | dènnya mrih kapadhan karsa | nahên kang dhulêng wus nutug | ngandhêlong ingkang irama | tan pantara dangu suwuk ||

--- 4 : 96 ---

19. Wangsul marang jroning wisma | (m)Bokmas Dêmang mapag gapyuk | linukaran kudhungipun | angga jêmêk sawatara | mung plarapan ting parêntul | tinutulan usap asta | tinoyanan arum-arum ||

20. Yayi sayahmu saiba | kang tinanya mèsêm muwus | pangèstunipun (m)bakayu | badan ringas manah bingah | adhuh yayi sukur-sukur | wus dakadhêmake wedang | pala cêngkèh kaduk kêcut ||

21. Lêgine mung lamat-lamat | nyirnakkên saliting gulu | kalawan dhaharanipun | wowohan myang lah-olahan | sambinên ywa nganggo rikuh | duwèkku ya darbèkira | nanggapi kang tampi wuwus ||

22. Pra tamu èstri sadaya | sih sênêngira kalangkung | bêjane pamintanipun | têmbe kaparêng mampira | dhumatêng ing dhukuhipun | wanti-wanti pamêlingnya | kang kinèn ngêcaningecani. kalbu ||

23. Ing jawi mangkya winarna | Ki Kaji ngandika aris | hèh Nurwitri bêcik banjur | palilah lalagon Jawa | padha ngêrti kang anggugu | kang sinung ngling (n)dhêku nulya | (m)buka nuskahnaskah. rowiyèku ||

24. Swara manis arum raras | mêrit mêthit ngrujit wuluh | mêmbat ngayut-ayut§ Prayoginipun / nganyut-anyut /. kalbu | salawat barung ping tiga | la ilalaha ilolahu | Muhkamadun Rasullolah | Muhkamad Kabilulahu ||

25. Tinampèn kèh saurannya | gênturan têrêbangipun | alêlagon Sêkar-gadhung | Ki Nurwitri wus manêngah | emprak datan mawa kancuh | malêtêr anèng kalangan | sasingire kalanipun ||

26. Sang Wrêkudara pratistha | nèng têlênge samodra gung | pinanggya jawata luhung | paparap Sang Dipaningrat | kang kinarya bukanipun | Dewa Ruci angandika | marang sang sêdya linuhung ||

--- 4 : 97 ---

27. Hèh Wrêkudara apa |Kurang satu suku kata: Hèh Wrêkudara ta apa. prapta ing kene karyamu | miwah apa ta sêdyamu | ing kene sêpi kaliwat | nir busana buktinipun | amungna ya ana kaleyang |Lebih satu suku kata: amung yèn ana kaleyang. tumiba ing ngarsaningsun ||

28. Mung iku ingkang sunpangan | garjitèng tyas duk angrungu | sang Wrêkudara sru ngungun | dene bajang tanpa rowang | agêdhe jajênthikingsun | ucape ladak kumêthak | Dewa Ruci malih wuwus ||

29. Lan maning Wrêkudara |Kurang satu suku kata: Lan maninge Wrêkudara. kene kèh panca-boyèstu | lamun nora êtoh lampus | sayêkti tan sagêd prapta | lan ciptamu nora urup | têka sira paripaksa | nora ngeman-eman lampus ||

30. Sabda kluhuran tan ana | kewran ri sang Bayusunu | dènnira arsa umatur | dene datan wruh ing gatya | dadya alon dènnya matur | mangsa borong Sang Ayogya | Sang Wiku lingira arum ||

31. Sira bèbète Hyang Siwah | Brama witing para ratu | iya ta bapanirèku | turun saking Sang Hyang Brama | Kunthi ibunira èstu | turase Hyang Narayana | amung patutan têtêlu ||

32. Yudhisthira kang pangarsa | panênggake ya sirèku | Pêrmadi panêngahipun | ingkang loro kadangira | saking Dyah Madrim puniku | jangkêp Pandhawa prastanta | kene saking tuduhipun ||

33. Gurupara Dhangyang Druna | kinèn ngulatana ranu | urip tirta bêning iku | kang sira lakoni baya | angèl pratingkahe idhup | aywa lunga yèn tan wruha | ingkang pinaran ing purug ||

34. Lawan sira aywa nadhah | yèn tan wruha rasanipun | ywa nganggo-anggo sirèku | yèn tan wruh ranning busana | wêruhe atakon tuhu | bisane têtiron nyata | dadi lan tumandangipun ||

35. Pan mangkono ing agêsang | ana jugul saking gunung | arsa tuku mas kang luhung | mring kêmasan gya sinungan | lancung kuning wus dènsêngguh | kêncana kang luwih mulya | mangkono ingabêktèku ||

36. Kalamun durung waspada | kang sinêmbah prênahipun | sru (n)dhêku sang Bayusunu | noraga de Sang Bathara | sidik patitis kalangkung | dadya malatsih manêmbah | anuwun jinatyan èstu ||

--- 4 : 98 ---

37. Sintên ta paparap tuwan | têka pribadi dudunung | sang Marbudyèngrat lingnya rum | iya ingsun Ruci Dewa | matur malih Bayusunu | pukulun yèn mêkatênna | pun patik nyuwun sih èstu ||

38. Datan wruh pruwitèng badan | sasat sato ing wana gung | tan mantra waspadèng dunung | sukcine kang jiwa-raga | sakalangkung mudha punggung | cinacad jagad wiryawan | kèsi-èsi ing tumuwuh ||

39. Angganing kanang curiga | ulun tanpa wrangkanipun | ngandika ri sang Linuhung | lah ta mara Wrêkudara | sira umanjinga gupuh | marang guwagarbaningwang | miyarsa kagyat gumuyu ||

40. Angguguk aris turira | paduka alit kalangkung | kawula agêng aluhur | inggih pangawak parbata | saking pundi marganipun | jajênthik kewala sêsak | ngandika malih sang Wiku ||

41. Kaki gêdhe êndi sira | lan jagad saisinipun | tan sêsak lamun lumêbu | marang ing jro garbaningwang | duk myarsa sang Bayusunu | èstu jrih matur sandika | mènglèng sang Dewa Ruci nung ||

42. Yèku nu karnèngsun kiwan§ Prayoginipun / kiwa /. | sigra manjing Bayusunu | wus praptèng jro garbanipun | non tasik nir têpinira | lêyêp mahawan ngêlangut | saking dohe kang kawuryan | Dewa Ruci nguwuh-uwuh ||

43. Hèh apa katon ing sira | umatur têbih kalangkung | datan wontên kang kadulu | uwung-uwung awang-awang | ing saparan-paran ulun | datan mulat kilèn wetan | kidul êlèr ngandhap luhur ||

44. Ing pungkur tanapi ngarsa | dasihe kalangkung bingung | Dewa Ruci ngandika rum | aja amaras tyasira | sang Sena byar wus dumunung | ngadhêp Sang Wiku kawangwang | cahyanya mancur ngunguwung ||

--- 4 : 99 ---

45. Sena nolèh wruh ing prênah | Sang Hyang Surya wus kadulu | ecèng tyas ngadhêp Sang Wiku | anèng ing jagad walikan | ngandika malih Sang Luhung | lumaku anduduluwa | apa kang katon sirèku ||

46. Sena matur wontên warna | sakawan ingkang kadulu | sadaya kang wau-wau | wus nir datan katingalan | mung sakawan prakarèku | krêsna rêta jênar seta | mèsêm ngandika Sang Luhung ||

47. Kang dhingin sira non cahya | gumawang tan wruh rannipun | pan Pancamaya puniku | jatine ing tyas sanyata | pangarêping sarirèku | têgêse ing tyas ingaran | muka sipat kang anuntun ||

48. Marang sipat kang sanyata | jatining sipat linangkung | mangka tinulya lyap-luyup | awas na rupa ywa namar | kwasaning tyas êmpannipun | tingaling driya puniku | aningali mring satuhu ||

49. Eca tyase Wrêkodara | kalane miyarsa wususwuwus. | tyas sumringah lagya kuncup | de rupa kang catur warna | iku durgamaning kalbu | mêpêki isining jagad | ati têlung prakarèku ||

50. Dadi pamurunging lampah | kang bisa pisah saèstu | sida amor ing gaibun | iku mungguhing atapa | ati kang tatêlu mau | krêsna rêta jênar samya | nyêgah cipta kang lêstantun ||

51. Pamoring kang Suksma mulya | yèn tan kawilêt tri mau | yêkti sida sirnanipun | sarira lêstari nunggal | poma dènawas dènemut | durgama kang munggèng nala | panguwasane dènwêruh ||

52. Kang irêng luwih prakosa | panggawene srêngên bêndu | (n)dadra ngambra-ambra masruh | ati kang ngadhangi marang | ing kabêcikan sawêgung | de rêtèku tuduh duka | kèh penginaning rahayu ||

53. Sêmbrana panas-atènan | (m)buntoni manah kang emut | maring kawaspadan muhung | dene kang arupa jênar | (ng)gulang sabarang ciptèku | kang tan sayogya dadinya | myang panggawe kang mrih tulus ||

54. Kang ngandhêgi ati jênar | pangrusak binanjur jumrung | mung kang putih iku tuhu | ati antêng sukci nyata | prawira kaharjan

--- 4 : 100 ---

ayu | namung iku ingkang wignya | nampèni sasmita tuhu ||

55. Myang nampèni sih nugraha | ênggonne bisa tumanduk | kalêstarèn pamoripun | ing kapti yèku mungguhnya | katêlu balane agung | kang seta datanpa rowang | milu gung kasoran pupuh ||

56. Yèn bisa nêmbadanana | mring sukêr tri prakarèku | sida kono pamoripun | puniku tanpa tuduhan | pamore kula-Gustiku§ Prayoginipun / kwula-Gustiku /. | Wrêkudara duk miyarsa | saya sêngkut pamrihipun ||

57. Birai mring kauwusan | ing urip sampurnèng kumpul | patang prakara wus surut | urup siji kang katingal | wêwolu ing warnanipun | sang Wrêkudara aturnya | punapa ta wastanipun ||

58. Urup juga astha warna | pundi kang sanyatanipun | wontên kadi rêtna mancur | wontên kadi maya-maya | wontên abra markatèku | Marbudèngrat angandika | iku kajatèning kumpul ||

59. Saliring warna têgêsnya | iya ana ing sirèku | myang sining bumi sadarum | ginambar nèng angganira | apadene jagad agung | jagad cilik tan prabeda | purwane ana lor kidul ||

60. Kulon wetan luhur ngandhap | krêsna rêta jênar pingul | panguripe buwanèku | lamun ilang warnaningkang | iya jagad kabèh iku | tan ana ingkang kliwatan | miwah tan ana kang suwung ||

61. Saliring reka tan ana | kinumpulakên sadarum | ana rupa kang siji mung | datan kakung tan wanodya | lir tawon gumana iku | kang agawang putran dênta | lah payo dulunên gupuh ||

62. Wrêkudara wus umiyat | kang lir putran gadhing luhung | cahya kumilat umancur | tumeja nguwung wangkawa | punapa inggih punika | warnaning Dat kang ngulatan | kayaktène rupa tuhu ||

63. Nauri Sang Ruci Dewa | kang sira sêdya lèn iku | kang mumpuni bêk sadarum | sira dulu boya kêna | tanpa rupa nir warnèku | datan gatra tan satmata | atanapi tanpa dunung ||

64. Mung dumunung mring kang awas | mung sasmita nèng jagad gung | kêbêk tan kêna dinumuk | de kang sira dulu pindha |

--- 4 : 101 ---

puputran mutyara mancur | angkara-kara sumunar | pan Pramana arannipun ||

65. Tunggal anèng ing sarira | nanging tan mèlu margiyuh | myang tan mèlu mangan turu | tan amèlu lara lapa | yèn iku pisah (ng)gènnipun | raga nglumpruk badan lungkrah | ingkang kuwasa ya iku ||

66. Nandhang rahsa kauripan | dening Suksma kang linuhung | sinung sih anandhang idhup | ingakên rahsaning Êdat | sinandhangkên nèng sirèku | kadi simbar nèng kakaywan | aranning raganirèku ||

67. Uriping Pramana ika | inguripan Suksma nêngguh | misesa ing sarirèku | yèn mati mèlu kalêswan | yèn nir Suksmaning ragèku | gya uriping Sukma mulya | mau wus nunggal lan wujud ||

280. Dhandhanggula

1. Sigêg mangkya kang winarnèng tulis | para tamu miwah kang tumingal | wayang-wuyungan driyane | gorèh dènnira lungguh | pra wadonan cacadhang kapti | wênèh ririh wicara | baguse anggambuh | suwe nora awèh ulat | mêngko lamun malembar marang ing (n)jawi | dakajak mring wismèngwang ||

2. Ulun kungkung boya kêna mijil | andadaha badanku sadaya | dènkêndho sing (m)bathok kiye | rewange mlerok muwus | jangji mênga tanpa pakering | ambadhog darkèbingwangdarbèkingwang. | dhedhekaku mau | dèntêmu pèk nèng dêdalan | titènana nora wurung kramas gêtih | (n)njêngèk(n)jêngèk. kang sinung ujar ||

3. Ngubêr-ubêr wawan-winawan ngling | kabarangat grêjêg têmah tukar | gègèr pinisah wong akèh | para sêmbèr narucul | antuk ênggon jêngglong nèng ngarsi | tan ngrèmèsi kang tukar | samya adol ayu | timpuh siduwasta kiwa | kêmbên kêndho nglowong payudara mingis | kurang sathithik wutah ||

4. Wis antara dangu Ki Nurwitri | dènnya (ng)gambuh sêsêging irama | magênturan sru trêbange | ngandhêlong tandya suwuk | maca slawat angaring-aring | sugata wedang dharan | sumaos

--- 4 : 102 ---

ing ngayun | endrasmara lon lingira | wawi sami simambisinambi. sawontênnèki | kang ingacaran rahab ||

5. (m)Bokmas Dêmang atatanya ririh | mring Suwadi adhi ana ika | ingkang di§ Prayoginipun / dadi /. kêmbang lambe | Cêbolang iku mau | kang tinanya nauri aris | punika rencangira | Nurwitri rannipun | botên tumut Ki Cêbolang | sawêg pambêng kilap mangke (m)bokmanawi | sagêt mapag kewala ||

6. Rak ya kêna ta dhi arêp uning | Ni Suwadi (ng)glêgês lon turira | manawi namung warnine | botên awisan èstu | kilap bilih ayun udani | silitipun canthoka | kula botên tanggung | suka tuwin botênnira | mBokmas Dêmang ririh nyiwêl wêntis kering | labêt tyas sru susila ||

7. Nahên wau kang anèng pandhapi | Nurgirindra alon angandika | lagi têngah wêngi kiye | lan bangêt (ng)gonku ayun | wruh bacute sang Bayusiwi | (ng)gonne antuk nugraha | saking Dewa Timur | pra santri bae kang emprak | sira lawan endrasmara kang asingir | tutuge mau ika ||

8. endrasmara nyandhak trêbang aglis | wus pinangku ginalewang bawang | Randhanunut lalagone | sagahannya§ Prayoginipun / sênggakannya /. winuwus | êmpok pering tiba anjêngking | para santri kang emprak | cara Argakidul | amung sasuka-sukanya | nora turut lawan iramaning gêndhing | uyêl pan nora tata ||

9. Santri Arga kèndêl nulya ganti | ingkang emprak Pala Kartipala | alus turut pangemprake | kaliye ngêmut sumbu | talerongan brongotan api | bêbakaran priyawak | tênggok githokipun | suka kang sami umiyat | alok-alok suraknya mawanti-wanti | saking sangêting suka ||

10. Nahan ingkang (n)dumugèkkên singir | Ki Nurwitri lawan endrasmara | muhung kakalih kang nyêngkèng | sak plak suwara arum | anglir pathêt nyamplêng nêmnèki | mêrit mêthit araras | wilêt nganyut-anyut | hebat kang samya miyarsa | nglajêngakên sang Sena duk sinung uning | kaananing Pramana ||

--- 4 : 103 ---

11. Sirna iku iya kang pinanggih | uriping Suksma ingkang sanyata | kaliwatan upamane | lir rasaning kamumu | kang Pramana amratandhani | tuhu tunggal pinangka | jinatèn puniku | umatur sang Wrêkudara | inggih pundi warnane ingkang sayêkti | Dewa Ruci ngandika ||

12. Nora kêna yèn iku sira prih | lawan kaanan samata-mata | gampang angèl pirantine | Wrêkudara umatur | kula nyuwun pamêjang malih | inggih kêdah uninga | babarpisannipun | pun patik ngaturkên pêjah | ambancana anggèn-anggèn ingkang pasthi | sampun tuwas kangelan ||

13. Angandika alon Dewa Ruci | Wrêkudara sira nora kêna | yèn kudu wruh samêngkone | yêktine sira luluh | yèn ngantiya sira udani | yèn sira umêksa |§ Kirang sawanda, prayoginipun / yèn sirarsa umêksa /. na tatrapanipun | sirnakêna wujudira | iya lawan netranira iku kaki | supaya yèn tumêka ||

14. Iya marang kang sira-ulati | sayêktine kang dadya warana | wujud netranira dhèwè | iku pangkalan agung | Wrêkudara nêmbah nuwun sih | yèn kula kadugiya | tatrap kang puniku | iribe kadya punapa | warnaning Dat Dewa Ruci angling ririh | tan ana kang amimba ||

15. Nanging ana têrsandhane kaki | lamun krasa wujudira sirna | kari netra ati bae | nanging datan kadulu | bumi langit datan kaèksi | iku tandha yèn prapta | nugraha Hyang Agung | kaki lênyêpe kewala | jagad anyar kabèh tan ana nimbangi | warna kadya mangkana ||

16. Yèn wis luwar dènangati-ati | dènwaspada sajroning wardaya | benjing praptèng wasanane | poma kaki dènemut | panunggale kawula-Gusti | sahir kabir tan ana | wus dadi sawujud | tan ana (ng)gonne angalap | wujud iku ngalap kabèh wus kawingkis | yèku jatining tunggal ||

17. Nora beda wong sinau kaki | iya pati sajroning ngagêsang | lan yèn prapta wêkasane | sayêkti tunggal iku | tan prabeda tingalirèki | Wrêkudara anêmbah | nuwun sih pakulun | sasampêtana karasa | tyas sumringah madêg kasudiran amrih | marang alam kamuksan ||

--- 4 : 104 ---

18. Yèn makatên amba datan mijil | sampun eca nèng riki kewala | botên wontên sangsayane | tan niyat mangan turu | botên arip botên angêlih | botên ngrasa kangèlan | botên angrês linu | amung nikmat lan mupangat | Dewa Ruci lingira iku tan kêni | yèn nora lan antaka ||

19. Sangsaya sihira Dewa Ruci | marang sang kaswasih ing panêdha | lah iya dènawas bae | mring pamurunging laku | aja ana karêmirèki | dènbênêr tekadira | ing anggêpirèku | yèn wus kasikêp ing sira | aja muhung dènanggo marah yèn angling | yèku rèh pipingitan ||

20. Nora kêna yèn sira rasani | lan sasama-samaning manungsa | kang nora lan§ Prayoginipun / lwan /. nugrahane | yèn ana nêdya padu | angrasani rarasan iki | ya têka kalahana | aja kongsi banjur | aywa ngadêkkên sarira | ywa karakêt marang wisayaning ngurip | balik sikêpên uga ||

21. Kawisayan kang marang ing pati | dènkaasta pamanthêningpamanthênging. cipta | rupa ingkang sabênêre | sinêngkêr buwanèku | urip nora nana nguripi | datan antara mangsa | iya ananipun | pan wus ana ing sarira | tuhu tunggal sasana lawan sirèki | tan kêna pisahêna ||

22. Tan na wênèh sangkanira nguni | tunggal sangat matining bawana | pandulu pamiyarsane | wus anèng ing sirèku | pamirsane Suksma sayêkti | iya tan lawan karna | ing pandulunipun | iya tan kalawan netra | karnanira netranira kang kinardi | anane anèng sira ||

23. Laire Suksma anèng sirèki | atinira kang ana ing Suksma | iya mangkene tatrape | kadya wrêksa tinunu | ananing kang kukusing agni | sarta kalawan wrêksa | lir toya lan alun | kadya menyak anèng powan | raganira ing rèh mobah lawan mosik | iya sarta nugraha ||

24. Yèn wruh pamore kawula-Gusti | sarta Suksma kang sinêdya ana | de warna nèng sira (ng)gonne | lir wayang sarirèku | saking dhalang solahing ringgit | mangka panggung kang jagad | lire badan iku | amolah lamun pinolah | sasolahe kumêdhèp myarsa

--- 4 : 105 ---

ningali | tumindak lan pangucap ||

25. Kawisesa amisesa sami | datan antara pamoring karsa | jêr tanpa rupa rupane | wus anèng ing sirèku | upamane paesan jati | ingkang ngilo Hyang Suksma | wayangan puniku | kang ana sajroning kaca | iya sira jênênging manungsa iki | rupa sajroning kaca ||

26. Luwih gêngnya kalêpasan iki | lawan jagad agêng kalêpasan | kalawan luwih lêmbute | salêmbutaning banyu | apan lêmbut kamuksan ugi | luwih alit kamuksan | saaliting têngu | pan maksih alit kamuksan | lire luwih amisesa ing sakalir | lire lêmbut alitnya ||

27. Bisa nuksma ing lêmbut lan alit | kalimputan kabèh kang rumangkang | gumrêmêt iya tan pae | kaluwihan sadarum | luwih iya dènnya nampani | tan kêna ngandêlêna | ing warah lan wuruk | dènsangêt pangwsanira |Kurang satu suku kata: dènsangêt pangwasanira. badannira wasuhên pragnyana ngungkih | wruha rungsiting tingkah ||

28. Wuruk iku kang minangka wiji | kang winuruk upamane papan | pama kacang lan kêdhêle | sinêbarna ing watu | yèn watune datanpa siti | kodanan kêpanasan | pasthi nora thukul | lamun sira bijaksana | tingalira sirnakna ngananirèki | dadi tingaling Suksma ||

29. Rupanira swaranira nuli | ulihêna mring kang darbe swara | jêr sira ingakên bae | mimilih kang satuhu | nanging aja duwe sirèki | pakarêman kang liya | marang Sang Hyang Luhur | dadi sarira bawana | obah osikira wus dadi sawiji | ywa roro anggêpira ||

30. Yèn ta dadi anggêpira yêkti | yèn angrasa roro maksih was-was | kêna ing rêngu dadine | yèn wus siji sawujud | sakarêntêking tyasirèki | apa cinipta ana | kang sinêdya rawuh | wus kawêngku anèng sira | jagad kabèh jêr sira ingakên yêkti | gêgênti dènnya sagah ||

31. Wusnya mudhêng pratingkah kang iki | dènawingit sarta dènasasap | sasabana panganggone | nanging ing batinipun | ing sakêdhèp tan kêna lali | laire sasabana | kawruh patang dhapur | padha anggêpên sadaya | kalimane kang siji iku prêmati | kanggo ing kene kana ||

--- 4 : 106 ---

32. Lire mati sajroning ngaurip | iya urip sajroning apêjah | urip bae salawase | kang mati iku napsu | badan lair ingkang nglakoni | katampan badan nyata | pamoring sawujud | pagene ngrasa matiya | Wrêkudara tyasira padhang nampèni | wahyu prapta nugraha ||

33. Lir sasangka tawêng ima nipis | praptaning wahyu ing ma§ Prayoginipun / ima /. nirmala | sumilak ilang rêgêde | angling malih tulya rum | Dewa Ruci manis aririh | tan ana aji paran | kabèh wus kawêngku | tan ana ingulatana | kaprawiran kadigdayan wus kawingking | kabèh rèhing ngayuda ||

34. Têlas wulangira Dewa Ruci | Wrêkudara ing tyas wus tan kewran | wruhing namane dhèwèke | hardaning swara muluk | tanpa êlar anjajah bangkit | sawêngkon jagadraya | angga wus kawêngku | pan tanpa matining basa | saenggane sêkar maksih kudhup lami | mangkya sêkar ambabar ||

35. Wuwuh warnane lan gandanèki | wus kêna kang Panca-rêtna mêdal | saking ing guwagarbane | wus salin alamipun | angulihi alame lami | Dewa Ruci wus sirna | mangkana winuwus | tyasira sang Wrèkudara | lulus saking gandaning kasturi jati | papanasing tyas sirna ||

36. Ingkang emprak pra santri wus wradin | gya sinuwuk samya maca slawat | angaring-aring napase | wanci mèh bêdhuk têlu | Nurgirindra wacana maring | para tamu sadaya | ni panti kalangkung | nuwun kanthi sukarêna | de kêparêng jênêk pinarakan sami | ngantos mèh (n)dungkap êbyar ||

37. Kang sinung ngling (n)dhêku-(n)dhêku pamit | linilanan mantuk èstri priya | sarêng kalawan wêdale | jalu èstri kang (n)dulu | kèh tan mulih jêbêg nèng (n)jawi | kang nandhang larasmara | jumbuh sêdyanipun | endrasmara graitèng tyas | matur ririh mring marsêpuh Kyai mangkin | Suwadi sakancanya ||

38. Prayogine sipêng anèng ngriki | bilih tumut mantuk dados beka | kathah kang nandhang wirage | tekatpraya saèstu | iya jêbèng aja kuwatir | sinarah ing sakarsa | Kyai wus lumêbu | pamit

--- 4 : 107 ---

marang (m)Bokmas Dêmang | rubiyahe endrasmara catur pamit | myang Suwadi pamitan ||

39. (m)Bokmas Dêmang wêling wanti-wanti | sesuk bêngi poma aja lincat | dak arêp-arêp marene | sukur lawan kancamu | kang padha yun mring Pranaragi | Suwadi mèsêm lingnya | sandika katèngsun | dugi sampeyan pra kanca | bilih sami panuju dhanganing ati | kasmaran ing paminta ||

281. Asmaradana

1. Kalawan kapasangyogi | benjang (m)bèn ulun umangkat | anglajêngkên ing lampahe | gih ugi sasarêngan |Kurang satu suku kata: inggih ugi sasarêngan. kalawan para kanca | Nyi Dêmang sru sukèng kalbu | adhuh yayi muga-muga ||

2. Padha dhangana ing ati | lêrêp anèng gubugingwang | mung sadalu enjing bodhol | sukur parêng rada lawas | nahên ta sampun mêdal | praptèng pandhapa gumuruh | kang anèng jawining dhadhah ||

3. Suwadi umatur aris | sami kèndêla sadaya | gya rumiyin mring latare | jêmpol suku ingkang kiwa | cinêthikakên kisma | asta têngên kang anjupuk | jêmpol suku ingkang kanan ||

4. Jinumput nèng ngasta kering | siti kinumpul nèng tangan | kanan nulya matêg mèlle | Kulu saèin lajêngnya | jaekatut mautta | sinawurkên ngajêngipun | kalawan ing kering kanan ||

5. Kang nèng jawi dhadhah nuli | sirêp tan ana nyuwara | lir kawayon anglêgèyèh | ana ngantuk rarenggotan | wênèh ngorok sênggoran | Suwadi mêndhak umatur | sumangga lajêng tumindak ||

6. Dumuginira ing jawi | samarga-marga wong nendra | suka kang mahawan kabèh | wus kapungkur Paricara | pajar sidik praptanya | lajêng samya wêktu Subuh | paragat mingip Hyang Arka ||

7. Nahên ta kang samya guling | kang kataman sasirêpan | katlorong surya sumorot | kagyat bingung garagapan | sêmune radi wirang | malêncing samya umantuk | ngonggo-onggo nutuh mata ||

--- 4 : 108 ---

8. Mangkana Nikèn Suwadi | wus aso nèng pamondhokan | sak siyang tan ana katon | sabakdane wêktu Ngasar | Cêbolang sarencangnya | sowan mangilèn wus pangguh | lawan Kyai Nurgirindra ||

9. Hendras lan rubiyahnèki | anèng ing kilèn sadaya | Mas Cêbolang awotsinom | angujung sarwi pamitan | dumugèkakên lampah | atanapi santri catur | samya ngujung gantya-gantya ||

10. Gya mring Hendrasmara pamit | kakang kantuna raharja | tanapi catur (m)bok ipe | sami kantuna raharja | diatut nunggal karsa | bêkti nastiti mring kakung | kang ajrih trusing wardaya ||

11. Manawi sagêd lêstari | kadi kang wus kalaksanan | insa Allah ing akire | pakantuk margi kang padhang | tanapi sinung swarga | kêkêl ing salaminipun | nèng kamulyan katêntrêman ||

12. Sru muwus kang sinung angling | mugi-mugi pikantuka | ing pangèstu widadane | kajawi punika dhimas | suwawi kadiparan | sarêng atanapi kantuk | dèrèng wontên sanjangira ||

13. Wau dalu dènbêjani | wantos-wantos mring yu Dêmang | sagêda sipêng pantine | enjingipun lajêng bidhal | sukur yimas kalawan | Nurwitri sakancanipun | parêng lêrêp kadêmangan ||

14. Èstunipun kadipundi | punapi pisan myang kêmpal | Cêbolang mèsêm dêlinge | sarèhning lampah wus têbah | wah èstri taksih mudha | kadiparan yèn tan kêmpal | klêbêt patrap siya-siya ||

15. Kiyai sampun nglilani | sakecanipun lumampah | ing wanci bakda Mahribe | nêdhêng timbuling Hyang Candra | ing tanggal gangsalwêlas | rubiyah catur gumuyu | ginagas wasananira ||

16. Nurgirindra mung maringi | pandongarja lêstaria | Mas Cêbolang sampun lèngsèr | maring pamondhokanira | [...] |Kurang satu baris: 7a. bakda Mahrib mangkat gupuh | Hendrasmara sarabinya ||

17. Ngatêr praptèng jawi kikis | sasalaman (n)dum raharja | mangu-mangu dènnira non | dupi wus tan kawistara | lagya wangsul mring wisma | kêmba sêpi sêpên samun | kadi kapêgatan trêsna ||

18. Sigêg kang sih maring tami | ingkang lumampah wus prapta | karajan Paricarane | tumamèng ing paregolan | mandhêg nèng

--- 4 : 109 ---

palataran | nahên nyi panti winuwus | saari ngrakit pondhokan ||

19. Myang darbe sugatanèki | wus samêkta sadayanya | pinapantês sarirane | busana sarwa pasaja | nèng jarambahing wisma | anon dhatênging tatamu | madêg gita-gita mapag ||

20. Kèn Suwadi kinapithing | gandhèng asta malbèng wisma | nolèh mring tamu santrine | tan mindhak wêtah sakawan | ing tyas sêmada cuwa | ananging sangêt sinamun | aywa nganti kawistara ||

21. Nurwitri sarewangnèki | wus pinarnah pondhokira | jinaga kulawarga kèh | pondhok sêgah tan kuciwa | sênêng sadayanira | kontên wisma wus tinutup | pinanggihan lêmah jrambah ||

22. Tapsirih lumadyèng ngarsi | tinungka wedang dhaharan | rêna tur mirasa kabèh | lah yayi mara mucanga | yèn wis kakurah waja | sêdhêng asrêp wedangipun | ngunjuk wedang myang dhaharan ||

23. Kèn Suwadi ananggapi | rinahapan trusing nala | wisma tatanya alon |Kurang satu suku kata: ni wisma tatanya alon. yayi pira rencangira | apa wus jangkêp gangsal | nuwun kangbok sawêg catur | kang satunggal nuju kesah ||

24. Inggih awit kalawingi | mêndhaning sakit pamitan | sakêdhap mring Sama-jagong | saguh nusul mring Dêmangan | dumugi angkatkula | têka tan wontên kadulu | bokmanawi manggih aral ||

25. Nanging kula sampun mêling | dhatêng kakang endrasmara | samangsa dhatêng rayine | kewala lajêng nusula | dhatêng ing KadêmganganKadêmangan. | kula sakanca sadarum | ngêntosi nèng Kadêmangan ||

26. Sukur yayi yèn wus mêling | sira aja mangkat-mangkat | ngêntènana satêkane | Sama-jagong ngêndi baya | aku durung uninga | lagi samêngko sun ngrungu | bakyu kabaripun cêlak ||

27. Lawan Sama-catur ardi | tyas kumêpyur Bokmas Dêmang | sinamun lon wacanane | gunêm mau bêngi ika | Sahadat kang pramatya | padha loro klimahipun | nanging sabanjure beda ||

28. Amahyakkên kaananing | alus-alusing bicara | winadi nèng jro

--- 4 : 110 ---

kalbune | iku yayi dèn-alila | (m)bakyunta tètèsana | sampurnaning kanang kawruh | (m)bakyupara borong angga ||

29. Suwadi tumungkul angling | (m)bakayu kula sumangga | namung darmi ngaturake | èstu kagunganta dhawak | mangke sirêping rarya | nèng gêdhong wetan pakantuk | lêga tyase (m)Bokmas Dêmang ||

30. Rasulan sêga kêbuli | wuduk ayam lalêmbaran | apadene rêrangkènne | apa kinêpung samangkya | apa lamun wus bakda | samangke kewala sampun | gya tinata nèng pandhapa ||

31. Ki Saloka kang dongani | kinêpung rencang priyangga | kalawan catur tamune | wus paragat dènnya donga | ambêng binage wrata | gya nadhah satuwukipun | satirahe binarkatan ||

32. Nahan ingkang ayun wirit | wus nèng gêdhong sakaliyan | Ni Dêmang salin panganggo | sadangunira busana | mung Suwadi rencangnya | anyinjangi miwah miru | tanapi atrap sumêkan ||

33. Ukêl tebokan ingapit | puspagiwang sak-ronnira | lalamatan tasikane | waja mêntas sinisigan | pindha laring brêmara | yun mucang jambe ginilut | kengis pindha wigyutmala ||

34. Suwadi duk angrencangi | busana (n)dêmok sarira | alus lumêr kulitane | kurang thithik kuwanguran | kumyus karingêt mêdal | kêkêtêg nêsêg kumrusuk | ngunadika kasumukan ||

35. Tan angrasuk sotya rukmi | wusnya mucang kinêmonan | mingis-mingis lêlathine | cahya sumunar sumringah | dhasar suluh wadana | trapsila mêpês tumungkul | apan wus ajêng-ajêngan ||

36. Kalawan Nikèn Suwadi | pêpegangan asta kanan | sawêg sumangga ature | supe lamun dumadya dyah | kuning manising surya | pindha wulan sunaripun | dhèmês aruruh jatmika ||

37. Anjait-jait alungit | tingal lindri mêrakatya | lir tinon jro supênane | nyurêmakên diwangkara | êlasing Paricara | pegangan asta wus dangu | nganti wahyaning pamêjang ||

38. Pamêtêke tan wis-uwis | riwening ngasta thur-thuran | sarira marlupa cape | sirna warnaning wanodya | (m)bagêgêg Mas Cêbolang | mêgang asta maksih kukuh | (m)Bokmase dupi umiyat ||

--- 4 : 111 ---

39. Kagyat nratap sênik-sênik | ngèwèl mrinding sawatara | samya (n)jomblong sakaliye | wus sarèh tyasnya Cêbolang | manis wijiling sabda | dhuh babo jantung tyasingsun | kula kang nama Cêbolang ||

40. Santri mêri mudha pingging | pramila kadara-dara | ayun mring Pranaragane | mangudi kawruh kang nyata | dumugi Girimarta | katampêk ing lahar madu | saking krajan Paricara ||

41. Tampi panandhang gung branti | kamirahaning Hyang Suksma | sagêd parêg kawulane | marang risang mawèh rimang | namung sung kalyatingwang | aksamanta ingkang agung | kawula sumanggèng karsa ||

42. Bokmas Dêmang duk miyarsi | tyas sukur luh marawayan | labêt kalêgan karsane | samya sarèh ucul asta | umatur pêgat-pêgat | dhuh lae pangajapingsun | kang sabda kabali-sura ||

43. Lêrêsipun ingkang dasih | kang minta gung pangaksama | lan jêng kula babasane | rèhning wus anunggal karsa | ulun matur pasaja | botên bèntên sêdyaulun | samangke sampun akrama ||

44. Myang wontên panuwunmami | yèn asih dènwêdharana | kang dadya prasêtyaningong | bab masalahing akrama | kang sagêt anarbuka | putusa suraosipun | dasihe sumanggèng karsa ||

45. Manawi cabar ing kardi | têtêp santri papariman | eman dadi kêmbang-lambe | mring Suwadi pamintèngwang | gampil pinanggih wuntat | Mas Cêbolang angling atut | lah suwawi winêdharna ||

46. Ni wulanjar wacana ris | dhuh lae pinajarêna | paran yun rabi maringong | lan para akên punapa | lan (n)dika gawe paran | lamun ta (n)dika kêtêmu | ing pundi (n)gènnya kapêdhak ||

47. Kalamun tuwan apanggih | punapa andika aras | punapa dinulu mangke | andika cêkêl punapa | dènatut kula tanya | rèh badhe panutaningsun | lan sun-gawe guru pisan ||

48. Upamane sêkar yayi | ananingsun cêkêl ika | sihe kang sunalap mangke | Date suntingali ika | lan Sipate kang mulya | Suksmane sunaras iku | apanggih ing rahmatolah ||

--- 4 : 112 ---

49. Lan sunaku sira yayi | kênyatahaning sihira | lan sun-gawe sira mangke | kênyatahaning sirolah | punapa ta ing karsa | punika pamanggihingsun | ing kawruh ananing krama ||

50. Bokmas Dêmang muwus aris | wontên malih aturkula | sampun salah cipta mangke | kawula tanya ing tuwan | punapa arannira | yèn wus sare lawan ingsun | andika aglis asiram ||

51. Baya ta manira najis | jiwaraganingsun ingkang | yèn tuwan asiram mangke | mila kawula kadusan | [...] |Kurang satu baris: 7a. alumuh mangke wakingsun | asare lawan andika ||

52. Kang mèlu kadusan yayi | sipat tulise punika | kang sipat adam ta rêke | sipat kang mulya kadusan | apan ta wujud tunggal | lan ana roroning wujud | anging Hyang Jatiwisesa ||

53. Milane dinusan yayi | ngèstokkên turuning Johar | kang ingaran Johar mangke | banyu-urip pinangkanya | tiba ing bumi rahmat | iku mulane rumuhun | karane wajib dinusan ||

54. Lan tuwan jinabad iki | pintên kèhe mukaranah | pintên prakara ta rêke | ingkang aran mukaranah | lan parluning jinabad | nuwun jinatèn wakingsun | parluning jinabad ika ||

55. Kang dhingin banyu kang suci | angulapi najis ana | ingkang akaram badanne | kapindho tibaning niyat | kaping tigane ika | karêp maratakkên iku | banyu sakèh badannira ||

56. Ing mukaranahe singgih | sakawan kathahe ika | kang rumiyin iku mangke | Ngalam Mutapèk punika | lawan kaping kalihnya | Ngalam Dakir ta puniku | Ngalam Salap kaping tiga ||

57. Ngalam Muni ta puniki | jangkêpe patang prakara | sakala anduduk alon | ingkang suntênga punika | marma sampun amisah | wong èstri kalawan kakung | ing donya têkèng akerat ||

58. Aranning wong Dat kakalih | milane tunggal saaran | para lawan mara mangke | ing wijine lanang ika | lan paran ananingwang | lan rêke ananirèku | roro dadiya satunggal ||

59. Ananira iku singgih | klawan ananingsun ika | upamane sêkar mangke | asrah wawangine ika | kaya anggane wayang | tingale maring Datipun | osike kanthi wong lanang ||