Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 4 : 113 ---

282. Kinanthi

1. Nyai dêmang PuspamrêduPuspamadu. | kacondhongan ing panggalih | wus lama pangantinira | saking pratignyane nguringuni. | satilare lakinira | Nyi Dêmang duhkitèng kapti ||

2. Kacuwan sihirèng kakung | wayang-wayung sru rudatin | lami-lami darbe cipta | prasêtya tan arsa krami | kalamun tan antuk priya | têtêpira gurulaki ||

3. Bangkit mêjang ngèlmu luhung | basan wêdharing akrami | kang putus warna sambada | wasis mangolahing rêsmi | sawêg mangkya kapanggihnya | Cêbolang tuhu wong sigit ||

4. Kasoking tyas tanpa ragu | lêga lêgawa ing galih | sumungkêm ngrungkêpi pada | mingsêg-mingsêg amlasasih | lae gurunadiningwang | dasihe sumanggèng kapti ||

5. Ing wanci lingsiring dalu | rencang sadaya wus guling | sirêp tan ana sabawa | mung adrênging senapati | kawangwang mring mêngsahira | paksa rumabasèng puri ||

6. Cêbolang waspadèng sêmu | Nyi Dêmang wus tadhah kapti | nadyan wulanjar kang warna | kadya kênya mêpêg mingis | tan ana kuciwanira | ing patrap miwah kang warni ||

7. Katgadèng tyas mamrih tanduk | tutut wus mêngani wingit | tan was-was pamawasira | sinambut ing jinêmwangi | tumangkêp samiring tilam | pinriyêmbada mamanis ||

8. Ngungkih padoning kang pinjung | tandya mangsah senapati | nir wadya kang tumuntura | ngamuk wikrama mawêrdi | kridha ing samarga-marga | lir taksaka sru mawêngis ||

9. Kadi brêmara mamrih rum | kang nêdhêng kuncuping sari | dahat dènnya mangrêbasa | ngungsêt majuning kang sari | gapura di Paricara | winasesa wus ngêngani ||

10. Pra brêtya damanya ngumpul | anunggil sri narapati | ciptèng tyas nora kuwawa | sri mungkul aris srah nagri | risang jayèng rananggana | sukèng tyas siram ing bèji ||

--- 4 : 114 ---

11. Saya nêngah dènnya adus | lara-laraning kinanthi | kasrêg ronning tarate bang | tinup ing maruta mingkis | kagyat dening iwak molah | amangka kalalar kèli ||

12. Ganggêng ngirim-irim arum | tunjung mirut nganan ngering | dêlêgnya angrong ing sela | lulumute angalingi | kayu apune anamar | katawêng unthuking warih ||

13. Adan mêntas sinjang rambut | lir endhang-endhang malatsih | emanne lara tan dêrman | kayungyun mangun-mangun sih | yèn tinimbang layonira | kasarah nèng parang rukmi ||

14. Duk kataman ing wulangun | katanggapan gunging kingkin | sarêng wijiling asmara | lir pêcat jiwangga kalih | kênya sarira marlupa | larut bayuning kang dhiri ||

15. Ngadhuh ngêsês sambat lampus | netra kêjêp mathêt lathi | pramugari wlas tumingal | kanang wastra pinapulih | sinamirana srênggara | swara rum angrujit ati ||

16. Sun kakêmbange wong ayu | sun kakêmbange wong adi | argulo lan sumarsana | cêpaka gambir malathi | anrus gandaning kusuma | baya dadauting dasih ||

17. Sun wawas trasne wong luhung | sun wawas trasne wong pèni | dipangga cindhe puspita | majêthi raras kumitir | kapan baya sinawanga | ing karsa rumêmbêsing sih ||

18. Sun mamanuke wong rangkung | sun manuke wong mrakati | bayan nori lan manyura | atat lawan êmprit wilis | munya rum-arum mangajap | ing dasih kabyataning sih ||

19. Sun kakayune wong turut | pantês kayu nagasari | pangaubanning asmara | ngusadèng dasih kaswasih | arum-arume sumêbar | sarining amilangoni ||

20. Kasiliring maruta rum | tuntum bayuning kang dhiri | rinangkul lungayanira | marsana tumèmpèl pipi | linggar saking pagulingan | mring paheran samya suci ||

21. Brêsih rêrangkulan wangsul | nèng jawining tilamsari | lèngkèt kêkêt rênggang gula | sanityasa linalingling | sarêng mucang linton sêpah | cêcêp-cinêcêp kang lathi ||

--- 4 : 115 ---

22. Ngrompyoh sasinom dènêlus | sunaring dilah nampêgi | wadana pindha sasangka | katawêng ing ima nipis | wênês jênar maya-maya | nênangi wênganing kingkin ||

23. Wèh sêsêging magutpupuh | anyênyongah senapati | dhasar panas kabaranan | sarira lir purasari | tan kumêdhap kèhing mêngsah | ngamuk punggung mrih pakolih ||

24. Tan wus rinancanèng wuwus | ri kang kapadhaning kapti | wanci pajar gidib siram | sakaliyan samya suci | Mas Cêbolang nulya mêdal | nèng jroning (ng)gyan kang piningit ||

25. Palasthaning wêktu Subuh | pupujian lagu èstri | nganyut-anyut swara lêlah | nasrun mawi dènsêlani | maca slawat raras barang | sarêng bakdaning Subêki ||

26. Lan ing jawi santri catur | Nurwitri sarencangnèki | amiyarsa pupujian | gupuh dènnya naurani | rêmpêg runtut kang irama | suka sênêng kang miyarsi ||

27. Kang (n)don pupujian suwuk | prabaning Hyang Bagaspati | sumunar bra ngantariksa | Nyai Dêmang wus umijil | ngore rema ngandhan-andhan | lalamatan tasik kuning ||

28. Parentah atur susuguh | wedang bubuk bêndha tuwin | ron sruni gêndhis siwalan | dhadhaharan jadah wajik | jênang dodol mawi dêgan | gêmblong lèmpèng abang putih ||

29. Dhèndhèng mênjangan ginêpuk | binakar binlonyo arih | panggang ayam gêndhon rotan | pinilah kang maring jawi | wus rumanti gya lumadya | sasêgah tamu pawèstri ||

30. Bokmase kang anèng ngayun | batih èstri kang nambungi | praptèng gêdhong pipingitan | batih kang samya ngladèni | pandulune èstri nyata | mila nir kang graitani ||

31. Rampunging panatanipun | sadaya wus kinèn mijil | kori tinutup pinalang | namung candhela rinuji | binuka sinungan rana | saking jawi tan kaèksi ||

32. Mang mongtamu tandang tanduk | bojakrama marêk ati | manis kêdaling wicara | sasolahe asah-ati | katêmbèn wruh ing asmara | pindhèstri wignyèng sarêsmi ||

--- 4 : 116 ---

33. Dasihe atur susugun | pundi ingkang dènkarsani | wedang bubuk saking bêndha | damêl kiyating kang dhiri | wedang ron-sruni gung pedah | tahan lapa tuwin arip ||

34. Nyirnakkên ngalêntrih lêsu | wacana ingiring liring | sang mindha datan kuwawa | (m)bokmase nulya tinarik | tan lênggana wus nèng pangkyan | astane kakung kang kering ||

35. Nyiku sanginggiling lambung | nèng ngamdhapngandhap. cangklakan kering | swa tumèmpèl pundhak kanan | sruput wedang ngaras pipi | gantya inum-inginuman | dhinaharan andhahari ||

36. Kuwêl lir anggana tarung | kêlèt plikêt rênggang glali | sang pindha garêgêt sêdhah | pamidihe anêmêni | prêmbayun minggah sabêlah | sumunar lir lèn yun mijil ||

37. (m)Bokmas Dêmang mingkat-mingkut | asta kalih nyiwêl wêntis | dhuh lae dènudhunêna | pyantun kakung amalati | dasihe yèn nandhang walat | têmah gumuling tilam-mrik ||

38. Sintên kang sotah tutulung | dhumatêng ing jasatmami | sang pindha mèsêm lingira | babo yayi ywa kuwatir | yèn ulun wus tiwikrama | tate amungkasi kardi ||

39. Pinondhong nèng tilam gupuh | nulya tumangkêp kang samir | tan cuwa sakarsa-karsa | dènnira andon sarêsmi | anutug sasolahira | samya ngêtog ing ajurit ||

40. Kang nêmpuh miwah tinêmpuh | samya sarosa ing kapti | wasis widagda ing solah | tan ana ingkang kalindhih | samya prawirèng ngayuda | sudirambêg sura sakti ||

41. Palastha kang unggul pupuh | suka lêga kang kajodhi | wusing raras karasikan | pakasutan pinapulih | wangsul anèng ing jarambah | satata angêladèni ||

42. Ririh (m)buka kancing pintu | manguk ngawe para batih | angundurakên sasêgah | sadangunya amêndhêti | sarwi nyawang Bokmas Dêmang | mindhak wênês rungih-rungih ||

43. Prabanira lir sitèngsu | kasusul wijiling rawi | ngudarasa jroning nala | nyi lurah baya wus jampi | ing rahsane ngèlmu nyata | mêngko têka mandhan rawi ||

--- 4 : 117 ---

44. Ijo royo-royo patut | pindha mantèn-anyar uwis | katêrêsan ing asmara | bêrkahe talabul ngèlmi | (m)bok lawas nèng Paricara | mèlu nyuwun kawruh jati ||

45. Wus tri ari tigang dalu | Cêbolang kang mindha èstri | ngêtog langêning asmara | têmah kerut ing sarêsmi | saking rêmiting pratingkah | tan ana nyana samênir ||

46. Tamu tan ngêpotkên wêktu | ajêg jroning tigang ari | Nurwitri sarencangira | sinabawa nadhah guling | Saloka èngêt ing nala | lah Nurwitri paran iki ||

47. Pedah duk nèng Tidhar gunung | padhang tan na kêdhah-kêdhih | iki nganggo sisinglonan | lamun kabadharan pasthi | gawe lingsêm binanjurna | sakèh kang panasing ati ||

48. ewadene puluh-puluh | lamun garise mung iki | ah kakang aja kainan | mêngko bêcik diaturi | kowe kang atuwa dhawak | nora wang-wang asung peling ||

49. Sokur lamun tan kalimput | nahên bakdane Mahribi | kang pindha warna dyah mêdal | pinanggih Sloka Nurwitri | Palakarti Kartipala | Cêbolang ngandika aris ||

50. Apa ta padha rahayu | sajêrone tigang ari | kalawan nora kapiran | kang dadi tambak kêlantih | Nurwitri mèsêm lingira | barêkahe kang tampi sih ||

51. Amanggèn sarwi pikantuk | sasêgah ngantos ngêmohi | kaotipun lan panduka | tanpa sêgah anong-aning | upama ngantos sawulan | nèng riki kados kêbiri ||

52. Nanging yèn wus niplak-nipluk | ing wasana kadospundi | ewa-samantên sadaya | namung sadarmi tutwuri | nadyan sakit praptèng pêjah | tan wontên sêdya gumingsir ||

53. Mangkana duk myarsa atur | sumêntug raosing galih | sinamun gujêng lingira | kakang sesuk pajar gidib | payo nutugake lampah | kadi kang sinêdyèng kapti ||

54. Ki Saloka manthuk-manthuk | napa botên mulatêngi | kakênyêring Partcara |Kurang satu suku kata: kakênyêring Paricara. baya anêmahi lalis | yèn umure panjang liwar | labêt wus kalêbêt batin ||

--- 4 : 118 ---

55. Adamêl risaking kalbu | èstune kirang prayogi | ginaliya ingkang panjang | kacêkape ngrika-ngriki | ngriki botên dados beka | ing lampah sagêd lêstari ||

56. Kakang kabèh pamuwusmu | saèstu sidik patitis | mêngko yêkti dakrah-arah | padha samêkta-a sami | lan aliman mring kang samya | pinitaya among tami ||

57. Sang pindha warna wus wangsul | pinanggih lan nyai panti | mèsêm alon atatanya | punapi ingkang ginati | ngantos dangu papanggihan | lawan kang samya nèng jawi ||

58. Dhuh jiwèngsun mila dangu | Nurwitri sarencangnèki | padha pratela prasaja | rumangsa kawiryan jati | panggonan myang sunggatanta | tan ana kang nguciwani ||

59. Bangêt sukuring Hyang Agung | Alkamdulillahi rabil | pamujine muga Allah | angawikanana maring | sira kang tuhu utama | urmat gumati mring tami ||

60. Tampiya nugraha agung | ing donya prapta ing akir | apadene jasatingwang | rasa-rasa nora bangkit | oncat saking Paricara | apa ingkang dakgolèki ||

61. Mung ana wagêl sadumuk | lamun ora anêtêpi | lair batin nandhang dosa | sakawitne tinggal panti | nyulayani rèhing rêna | pangancas talabul ngèlmi ||

62. Kalunta-lunta ngalangut | yun mring Pranaraga nagri | mangka kandhêg Paricara | dadi cidra ing pangèsthi | lair dosa mring wong tuwa | batin dosa mring Hyang Widdhi ||

63. Sapa sotah atutulung | saking kirane tyasmami | mring sira pujaningwang |§ Sagatra ingkang kacetak miring punika: pêthikan saking Sêrat Cênthini Radyapustaka. Ing babonipun mila kirang sagatra [Kurang satu suku kata: mring sira pêpujaningwang]. kang asih mring kawlasasih | ambirat sanggyaning dosa | nêtêpakên kang kinapti ||

64. Lilanana kadibalmugadibalmu. | mêngko wanci pajar gidib | ulun sarewang umangkat | sêmbari nahên prihatin | mêlang-mêlang sêmang-sêmang | nilar kêkasihing Widdhi ||

--- 4 : 119 ---

65. Nanging yèn wus praptèng dunung | bokmanawa nora lami | balik marang Paricara | wit wus sangu putêr-giling | dhuh babo dipun-pracaya | insa Allah ujar mami ||

66. Nyi Dêmang sadangunipun | tumungkul waspa drês mijil | sumungkêm pada lingira | pêgat-pêgat marêk ati | dhuh lae pangajapingwang | kang abdi sumanggèng kapti ||

67. Rumaos pês ing tumuwuh | tangèh sagêd misesani | muhung manggung winisesa | baya wus takdiring Widdhi | botên namung anarimah | ing papasthèn tan gumingsir ||

68. Saking sru sih trêsna anrus | tumancêping manah suci | anjalari nir sumêlang | yèn ngantosa jasatmami | manggih papa kasangsara | wirang samining dumadi ||

69. Rèh paduka wus pinutus | kasujanan amumpuni | kados botên kakilapan | dhumatêng kodrating èstri | punapa malih rinêmbag | mila sampun walangati ||

70. Tan langkung sumêngka atur | pamuji mugi Hyang Widdhi | aparinga karaharjan | kadugèn ingkang kinapti | atampiya kanugrahan | langgênging kamulyan siddhi ||

71. Mas Cêbolang duk angrungu | rêmêg tyase lir jinait | katamaning sabdatama | merang lamun nora bangkit | amung jumbuh ing paminta | kang tan kawijiling lathi ||

72. Madêg pamanthênging kalbu | tumèmpèl klaratullahi | sêrêt wijiling wacana | wunguwa sang condhong kapti | yèn pinarêng ing Pangeran | sakarsanta wus marêngi ||

73. Tandya wungu pungun-pungun | Cêbolang gupuh ngusapi | waspa kang nèng pangarasan | kalihe lêjaring galih | sumèh wènès kang ujwala | cundhuk gambuh ing pamanggih ||

283. Gambuh

1. Nyi Dêmang mêdal gupuh | paparentah maring batèhipun | nyadhiyani nyunggata sarapanèki | tamune kang arsa nglangut | pajar gidib dènnya bodhol ||

2. Wusing parentah laju | manjing wisma kori gya tinutup | nora

--- 4 : 120 ---

nana labêtè nahên prihatin | Mas Cêbolang ngrangkul gapyuk | kinanthi maring paturon ||

3. Samirè wus tinutup | tan cinatur dènnya andon-lulut | praptèng wanci ngajêngakên pajar gidib | mring pahèran kalihipun | Suwadi wangsul gya dandos ||

4. Nyi Dêmang prentah gupuh | ngladosakên sasarapanipun | kang mring jawi batèh jalêr kang ngladosi | kang mring pamingitan nêngguh | nyi panti lan batèh wadon ||

5. Kang busana wus rampung | panataning rampatan kumêndhung | Nyai Dêmang gupuh nyandhak asta sarwi | angling manis dhuh riningsun | lah mara wijika dhenok ||

6. Suwadi wus tuturuh | angling malih payo kakênyêrku | lan dhahara sarapan saananèki | rèh sira ayun lumaku | têbih tan adarbe pawong ||

7. Gya nadhah kalihipun | wus dumugi cinarikan gupuh | Ki Nurwitri Saloka sarencangnèki | nadhah sarapan wus rampung | samêkta dènnya yun bodhol ||

8. Nahên ta Nyai Mêrdu | lawan tamu kêkanthènan mêtu | saking wisma ingiring pra batèh èstri | praptèng (n)dhapa pamit gupuh | dhuh kakangbok kadangingong ||

9. Aksamanta kang agung | ulun nyuwun pangèstu rahayu | kakang êmbok kantuna suka basuki | pinaringan iman luhung | lastantun dadya pangayom ||

10. Rencangnya santri catur | sampun sami pamitan sadarum | gumarubyug linggar saking ing pandhapi | praptèng paregolan ngayun | lajêng kang samya lunga (n)don ||

11. Ngonggo-onggo kang kantun | anglir pendah tinilara lampus | wangsul maring wisma maksih pajar gidib | saliyêpan trima lowung | samya tilêm lanang wadon ||

12. Enjing satanginipun | Bokmas Dêmang lan sabatèhipun | nambutkardi kadi sabên-sabênèki | datan ana labêtipun§ Prayoginipun / tabetipun /. | lair anrus praptèng batos ||

--- 4 : 121 ---

13. Saking mangunahipun | Mas Cêbolang budya trus rahayu | datan pisan wèh saksêriking sasami | ingkang wus kalakon namung | karya sukane sakèh wong ||

14. Sinigêg kang lêstantun | lampahira Suwadi winuwus | mèh raina sêmu bang ing ngawiyati | Sang Hyang Bagaspati mungup | bramani bawana abyor ||

15. Suwadi wus rinacut | angalela Cêbolang satuhu | Ki Nurwitri ririh atatanya warti | paran ing nalikanipun | paduka apindha wadon ||

16. Cêbolang mèsêm muwus | wus winêdhar sadaya tinutur | Ki Nurwitri gèdhèg-gèdhèg duk miyarsi | èstu paduka kalamun | kaluhuran sabda yêktos ||

17. Tamtune rak pun sanggup | lamun datan kalaksanan kusud | iya kakang sawuse ulun miyarsi | kalêpasaning sabda-yu | dhadhaku kadi dhinodhog ||

18. Sanalika tuwakup | mèpèt maring kalaratullahu | pinarêngna marang sih ring kaswasih |Kurang satu suku kata: pinarêngna marang sih maring kaswasih. kang dadya pamintanipun | si mrakati mêlok-mêlok ||

19. Ana antaranipun | yèn kêparêng têrusing tyasipun | têka rêsik ora ana kawis-kawis | Ki Nurwitri matur sukur | nahan ing lampah wus anjog ||

20. Têngahing wana agung | kèh swaraning satokewan manuk | kawarna-a raroyomaning wong juti | babenggoling begal kècu | apan wus miyarsa wartos ||

21. Kalamun tamunipun | Bokmas Dêmang benjing bidhalipun | tinartamtu kathah dènnya ambêktani | barana tanapi sangu | mring Suwadi ayu anom ||

22. Sadaya wus ngalumpuk | nèng wismane Ki Singasalukun | Kaladhêndha Alugoro Jagagandhi | Iragada Santalimpung | Wiryapiling Trunakêplok ||

23. Candrasa Kramadumuk | Sêtrabindhi Yudakligi Puksur | Samarajang Sutagranggang Citralori | Mangunkunta Yasapalu | Ki Nanggala Trunatowok ||

--- 4 : 122 ---

24. Wangsapusara ngayun | Nawangcakra Ki Nurtrisulèku | Karyabajra Nitibêdhama pênyakit | abipraya sabiyantu | ing rêmbuk duk samya golong ||

25. Anglari lampahipun | saênggonne pinanggih gipêpukginêpuk. | mung Suwadi kewala dènbalèjèdi | binêkta mring Laut kidul | dèndol juragan kang laboh ||

26. Rêmbag wangsitan putus | wus mirantos gêgamaning pupuh | arit bapang gobang wadung gêmbêl linggis | pênthung galih tèsèk luyung | bandhêm bandhil granggang towok ||

27. Parênca wêdalipun | ngetan ngulon têmpuking mangidul | tan adangu kang lumampah wus kaèksi | kang anèng lèr tandya kukuk | gumarubyuk alon-alon ||

28. Saloka nolèh pungkur | langkung kagyat gugup aturipun | adhuh anggèr wingking punika tyang juti | babaya agêng saèstu | tan petungan kathahing wong ||

29. Cêbolang duk andulu | kathahing wong kang ambêg laku dur | lingira ris kaya ngapa yèn lumaris | yêkti tan wande kapikut | luwih bêcik ararêmpon ||

30. Yèn wis pasthine lampus | tan bêkakal sokur yèn rahayu | Kartipala babêktaning lèmpèng mungging | karênêng lambaranipun | mêrang kandêl gya binodhol ||

31. Sinawurakên sampun | katon jalma akèh mandhi lawung | magut ing prang pangrasane sakèh juti | punika jalma satuhu | gya manêmpuh ing prang popor ||

32. Rame dènnira pupuh | long-linongan Mas Cêbolang gupuh | nguncalakên karanjang saisinèki | yudane durmala unggul | myat jalma pat siji wadon ||

33. Para dur bingung wakul | giyak-giyak kèndêl dènnya pupuh | Mas Cêbolang suka sukuring Hyang Widdhi | luwaring bêbaya ayu | lajêng lumaksana gupoh ||

34. Para dur kang angêpung | samya muwus bangga apa nutut | kang sinung ngling siji tan ana nauri | kèndêl kadya lingak-linguk | tan darana gya rinampog ||

--- 4 : 123 ---

35. Catur jalu (ng)galêpung | kantun sang dyah têka têguh timbul | gya mêngrukêt Kaladhêndha Sêtrabindi | nyêkêl saking ngarsa pungkur | udrêg kuwêl gantya ruboh ||

36. Wus sayah kalihipun | angalokro wal pamithingipun | Sêtrabindi ngathang-athang kêmpis-kêmpis | Kaladhêndha maksih ngrangkul | karênêng lèmpèng wus bobrok ||

37. Sadaya ngungun gêtun | pancabakah ing sadina muput | badan cape rusak gagamanirèki | antuke pituwas amung | lèmpèng ajur krênêng bobrok ||

38. Kinira kang kinayun | wus tan ngukup utamangganipun | sraping surya bibaran pra ambêg juti | mantuk mring sasananipun | nahên ta kang alunga(n)don ||

39. Cêbolang santri catur | dalu sipêng madyaning wanagung | kadhang sipêng dhukuh têpining wanadri | lampah kapalantrang ngidul | laladan Pacitan anjog ||

40. Minggah arga tumurun | jurang têrbis ngambah siluk-siluk | praptèng dhusun Pringkuku mangidul malih | minggah arga alit munggul | anduduk myat ing lalangon ||

284. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Ascaryambêg miyarsa swaraning alun | gumalêgêr (ng)gigirisi | kadi kanawa(?) galudhug | jaladri kidul kaèksi | kasongan surya sumorot ||

2. Myang umiyat asrining kang dhusun-dhusun | kawuryan ngêngrêng rêspati | pasabinan têgal talun | wênês ijo tharik-tharik | kinothak-kothak agolong ||

3. Jaladri kang anglojok dharatanipun | kanan kering myang lor ardi | katon (ng)gamêng pindhanipun | sumêkan dyah têngah putih | uwal nèng jroning kalangon ||

--- 4 : 124 ---

4. Mas Cêbolang miwah santrinira catur | suka sênênging pangèksi | saksana sami tumurun | maring satêpining tasik | sru karênan mulat ing jong ||

5. Alit agung kêthap-kêthap anèng laut | kadya gathuk lawan langit | ingkang kinijap ing alun | adangu datan kaèksi | dupi katon cumalorot ||

6. Wah kang labuh jangkar munggèng têpi laut | pindha panti rinêngga sri | sapantha-pantha tan jumbuh | mawèh asrining jaladri | lir sêkar sêtaman abyor ||

7. Têpi laut tinanggul pasir amunggul | kalih dêdêg winatawis | lêmpêng tan mêndhak mêndhukul | saking kodrating Hyang Widdhi | tuhu elok karya gawok ||

8. Lampahipun praptèng dhukuh Karang iku | kabêkta namining wukir | mangkana lampahnya laju | Cêbolang sasantrinèki | tumamèng dhadhah kapanggoh ||

9. Kapala ing Karang nama Ki Darmayu | panambramanira aris | ki santri kang nêmbe pangguh | pun bapa anlilakrami | sangkan parane sang anom ||

10. Lawan sintên sinambat sadayanipun | kang sinung ngling anoragi | kula sarencang sadarum | santri saking ing Mantawis | yun mring Pranaraga ngaos ||

11. Kula nama Cêbolang de rencangulun | Nurwitri Saloka tuwin | Pala-Kartipala catur | sadayanya dèrèng uning | samargi-margi tatakon ||

12. Kapalantrang dumugi têpining laut | ki kapala (ng)guguk angling | e (ng)gih lêrês anak bagus | radi pangidulênkangidulên. kêdhik | kintên tri ari kalojok ||

13. Pancèn saking Wanagiri ngetan têrus | dumugi ing Pranaragi | têka mring talatahipun | ing Pacitan tur pasisir | sangêt nyêngklènging lalakon ||

14. Yèn panuju ing karsa sadayanipun | prayogi aso rumiyin | rèrèh wontên sudhungulun | niring rapuh têmbe gampil | anglajêngakên lalakon ||

--- 4 : 125 ---

15. Mas Cêbolang sukèng tyas anut sakayun | nulya binêkta mring panti | nèng pandhapa munggèng salu | Darmayu malbèng wismèki | paparentah mring kang wadon ||

16. Asasêgah mring tamu kang nêmbe pangguh | mêdal maring jawi malih | amanggihi tamunipun | sugata lumadyèng ngarsi | êtapsirih upêt rokok ||

17. Lêgèn klapa arèn siwalan ganda rum | radi kasèp sawatawis | kêraos sêmada kêcut | sêgêr tumrap maring dhiri | nyamikan kaspe ginodhog ||

18. Wawi anak punika sasêgahulun | sawontêne tyang pasisir | tan misra mamuhung amung | minangka jampi kalantih | kang sinung ngling samya gupoh ||

19. Angrahabi sadaya sasêgahipun | kraos nikmat munpangati | Mas Cêbolang tatanya rum | mênggah sinambating wangi | pilênggah namaning dhukoh ||

20. Awon-awon kula palang Ki Darmayu | ing dhukuh Karang puniki | dene kawajibanulun | ngrêksa tumbal tanah Jawi | amardika botên paos ||

21. Nèng nginggiling ardi Karang dunungipun | bilih anak ayun uning | kapasangyogi saèstu | awit dintên benjing-benjing | wontên bramana gung rawoh ||

22. Saking Hindhu ambangun kalambunipun | Cêbolang angling prayogi | paran caritaning dangu | têka mawa dèntumbali | ing tanah Jawi anapon ||

23. Inggih anak makatên caritanipun | duk kalane tanah Jawi | dèrèng wontên tiyangipun | isi brêkasakan dhêmit | setan eblis myang gandarwo ||

24. Kangjêng Sultan Galbah ing nagari Ngêrum | tampi sasmitaning Widdhi | dyan dhawuh mring patihipun | kinèn niti mariksani | dhatêng sakathahing pulo ||

25. Ingkang dèrèng isi manungsa puniku | dyan patih andangu maring | para nangkoda kang sampun | sami lêpas purugnèki | nangkoda nêmbah turnya lon ||

--- 4 : 126 ---

26. wontên pulo kaprênah sakidulipun | Hindhustan panjang nglangkungi | watawis lampahanipun | lalayaran siyang ratri | caturdasa ri wangsul (ng)gon ||

27. Wukiripun ingkang agêng-agêng langkung | saking kalihdasa wukir | alit-alit kèh kalangkung | sêpên dèrèng isi jalmi | kya patih munjuk sang katong ||

28. Wusnya kunjuk ature juragan wau | sang prabu dhawuh mring patih | kinèn sasaosan gupuh | kalih lêksa somah jalmi | ingkang mawarni pirantos ||

29. Wus samêkta lajêng mangkat kamot prau | dumugi ing tanah Jawi | wukir Kandha (n)jujugipun | inggih wukir Kêndhêng mangkin | wulan Rum nêm San kacriyos ||

30. Taunning Rum amarêngi kawanatus | tigangdasa-sapta tuwin | ingetang taun Andanu | wiwit kala kangjêng Nabi | tinurunakên Hyang Manon ||

31. Maring ngalamdonya ing dumuginipun | tanah Jawi kisèn jalmi | taun surya gangsal èwu | satus sèkêt-gangsal warsi | ing taun Candra kacriyos ||

32. Gangsal èwu tigangatus-nêm warsèku | wêcaning jangka winarni | awit nungsa Jawi sinung | jalmi saking ing Rum nagri | têkèng ri kiyamat kubra ||§ Wanda akhir tembang Dudukwuluh limrahipun dhawah o (taling-tarung).

33. Mung mênangi kalih èwu satus langkung | sadasa ing taun Rawi | utawi dwi èwu langkung | satus pitungdasa katri | ing taun wulan mancorong ||

34. Kacariyos tiyang saking ing Rum wau | lajêng sami ambabadi | wontên ing saurutipun | ardi Kêndhêng wus barêsih | tan cinatur dènnya manggon ||

35. Dupi antuk kawan taun laminipun | sami tumpês pinraktinrak. ing gring | kaarat eblis lalêmbut | nir daya sakèhing jalmi | tuwin minangsa ing sato ||

--- 4 : 127 ---

36. Kantun kalihdasa semah kang rahayu | malajêng anumpal-kèli | mantuk dhatêng ing nagri Rum | sapraptanira ing nagri | kauningan ing sang katong ||

37. Sultan Galbah tandya animbali gupuh | raja pandhita sinêkti | Ngusmanaji ajujuluk | kanthi para pandhita di | kang wus sudibya kinaot ||

38. Kinèn sami numbali mrih sirnanipun | singite kang tanah Jawi | myang nitik badhe (ng)gyannipun | tatumbal kang mrih basuki | numpak baita wus bodhol ||

39. Pra pandhita lampahe datan cinatur | pamariksanya wus titi | katur sri nata ing Ngêrum | antawise kalih warsi | (n)jêng sultan utusan gupoh ||

40. Maring tanah Jawi pasang tumbal wau | pinaju pat têngah siti | kilèn êlèr wetan kidul | têngah lêrês kang satunggil | duk wit masang cinariyès ||cinariyos.

41. Ing wulan Rum Akyar angkaning kang taun | kawanatus langkungnèki | inggih kawandasa-catur | sowangan pamasangnèki | dhumatêng ing gangsal ênggon ||

42. Jroning slikur ari paripurnanipun | bumi orêg gonjang-ganjing | pucuking arga lir pêcut | tlaga sêndhang kali-kali | lir kinêbur kawah (n)jêblos ||

43. Swara umung gumalêdhêg pindha gludhug | kèlês bêrkasakan gusis | eblis drubiksa sumêmprung | ngungsi têngahing wana dri | myang mring pulo kang doh-adoh ||

44. Antawising tri taun (n)jêng sultan ing Rum | utusan amundhut jalmi | pasomahan sadayèki | dalah rajakayanèki | pêpêg sakèhing pirantos ||

45. Maring tanah Hindhusêtan ing Trêngganu | Siyêm Kandhi Patani Kling | Kasmir ing sasaminipun | mikantuk tyang kathahnèki | kalihdasa èwu jodho ||

46. Sadaya wus kawrat ing baita laju | binêkta mring pulo Jawi | pinarnah pinantha nyèwu | waradin satanah Jawi | gya samya babat wana grong ||

--- 4 : 128 ---

47. Tinanêman pantun wujut jawawut |§ Kirang sawanda, prayoginipun / awujut jawawut /. miwah sanès-sanèsnèki | wiji-wiji bêktanipun | wus têntrêm sakèhing jalmi | tan ana winalangatos ||

48. Pulo Jawi etange dwi kisèn manus | têmbe dumugining ari | kyamat kobra umuripun | jagat etang taun Rawi | kantun dwi èwu satus pot ||

49. Taun Candra dwèwu satus swidak têlu | punika criyos naluri | saking pun bapa rumuhun | mung sêmantên èngêtmami | Mas Cêbolang lingira lon ||

50. Nêmbe mangke ulun amiyarsa tutur | sakawite tanah Jawi | ingisènan sultan Ngêrum | tumbal kang damêl basuki | sru sangêt ulun ayun wroh ||

51. Wêdharing kang cariyos èstu linangkung | gung-gunge panuwun mami | mêwahi indhaking kawruh | uning criyos nguni-uni | wit pulo Jawi isi wong ||

52. Nyai wisma mêdal sung wruh lakinipun | dènnya sadhya sêgah bukti | wus rumat sadayanipun | (m)bokne wêtokêna aglis | dhahare wong bagus anom ||

285. Sinom

1. Nyi wisma ngatag mring rencang | sêgah wus binêkta mijil | rampatan piring lancaran | sêkul liwêt tigan pasir | sakêndhile mangarsi | krupuk têrung gêrèh sayur | ulam loh warna-warna | ginorèng lisah kalêntik | sambêlgorèng urip-urip pas-êpasan ||

2. Tinata tharik nèng ngarsa | kinêdhuk liwêtirèki | winadhahan panjang dhadhap | ki wisma angancarani | suwawi sami wanting | manadhah sawontênipun | rayoman mindhak eca | kang

--- 4 : 129 ---

sinung ngling samya wanting | nulya nadhah pakantuk sadayanira ||

3. Wus dumugi cinarikan | pamangsêg lumadyèng ngarsi | pisang êmas raja-jawa | pulut cêklèk kêsêt wangi | jêram gulung lit lêgi | kêpêl jambu klampok arum | swawi ta rinahaban | minangka pambucal amis | para tamu wus angambil sasukanya ||

4. Nutug manadhah mangsêgan | kyai wisma angling malih | swawi ngasokkên sarira | sampun pakèwêd ing galih | ki wisma malbèng panti | Cêbolang sarencangipun | sakeca dènnya nendra | enjing satangine guling | wusing nadhah sarapan dyan minggah ngarga ||

5. Karang angungkang samodra | sapraptanira ing nginggil | tumamèng panggenannira | tatumbale tanah Jawi | astana Gênthong nami | wontên wisma pindha cungkup | bêbalungan dêling dênta | duk-kakapan payonnèki | kawistara lir mêntas (m)babar kewala ||

6. Linangse ing sinjang pêthak | jroning langse tan kaèksi | Mas Cêbolang lon tatanya | sintên ingkang angyasani | panti sawêg nigasi | tuwin ingkang nglangse pingul | nglêbêt isi punapa | punapi kenging ningali | Darmayu ngling inggih wus kina-kumina ||

7. Bapa kaki tan uninga | inggih kang ngyasani panti | kintên sarêng klawan tumbal | ngantos sapriki tan rêmpil | kilap ta darunaning | anakmas bilih ayun wruh | wujude kanang tumbal | langse gya binuka kèksi | gênthong alit pratisthèng clowokan sela ||

8. Tutuping gênthong binuka | isi walêng§ Prayoginipun / walung / = balung. agêngnèki | sajêmpol panjang sakilan | gantya-gantya aningali | gênthong tunutuptinutup. malih | wus mêdal sadayanipun | Darmayu mèsêm tanya | kala sami nguningani | balung tumbal lah sapintên agêngira ||

9. Cêbolang panjang sakilan | sajêmpol suku gêngnèki | Nurwitri panjang satêbah | gilig mêmêt kadi gandhik | Saloka kadi bênthik |

--- 4 : 130 ---

Palakarti kadi puthu | Kartipala lir singat | tyang gangsal tan ana sami | suka ngungun ing paningal beda-beda ||

10. Angling malih Kyai Darma | wus makatên adatnèki | tan ana jumbuh paningal | nêngêna kang wawan angling | awak baita prapti | matrus ing sasaminipun | minggah mring arga Karang | babêktane warni-warni | pasang omah rinakit lir pasanggrahan ||

11. Antara dangu kawuryan | kang arsa minggah ing ardi | Brahmana Siddhi nèng ngarsa | ingiring pra sabatnèki | praptèng anggraning wukir | marêpêki maring cungkup | kalambu thinèthèlan | sinantunan kêsting putih | paripurna nulya pinarak ing kemah ||

12. Kang ngadhêp para sakabat | ngawe Ki Darmayu aglis | mangarsa angraup pada | atur sêmbah pangabêkti | sang Brahmana lingnya ris | Darmayu sapa rowangmu | katêmbèn ingsun mulat | gawanên mring ngarsamami | nêmbah mundur wangsul ngirit tamunira ||

13. Cêbolang angaras pada | lawan rencang catur santri | sang Brahmana manêmbrama | Cêbolang padha basuki | lawan sira Nurwitri | Saloka Kartipalèku | Palakarti samoha | apa ya padha basuki | kang sinung ngling saur paksi tur raharja ||

14. Pra sami ngungun sadaya | sang Brahmana langkung kêsdik | hèh Cêbolang paran karsa | sira têmah tinggal panti | tan tolèh yayah bibi | ramanira wus linuhung | kae Sèh Anggungrimang | Akadiyat duk ing nguni | amumpuni ing ngèlmu nora kuciwa ||

15. Wus satêngah aoliya | karamatira kaèksi | saiba rudahing nala | rèh atmaja mung sawiji | marmaning Hyang Luwih |Kurang satu suku kata: marmaning Hyang Aluwih. sêngkêling tyas têka sinung | rêrêming§ Prayoginipun / rem-reming /. kang wardaya | wuwuh santosaning pikir | nora was-was santosane ing pamawas ||

16. Cêbolang dupi miyarsa | tumungkul konjêm ing siti | waspanya drês marawayan | èngêt kalêpatanèki | ginagas angranuhi | pinuntu rèh wus kabanjur | tumênga matur nêmbah | dhuh risang satuhu sidik | botên sagêd umatur sumanggèng karsa ||

--- 4 : 131 ---

17. Babo kulup ywa rinasa | tutugna karsanirèki | mung aywa uwas sumêlang | sabarang kang dènlakoni | puniku mungguh mami | rèh Budha agamaningsun | ananging ingsun rasa | gathêke lan Islam sami | ming tindake lan aranne rada beda ||

18. sayêkti agama Budha | nora (m)baèkkên sakèhing | agama ing liyanira | Cêbolang umatur ririh | dhuh sang Brahmana Siddhi | bilih kaparênging kalbu | miwah kenging winêdhar | pun patik sangêt kapingin | amiyarsa derahe agama Budha ||

19. Sang Brahmana mèsêm lingnya | atut pamintanta kaki | pêpacak wêwalêrira | agama Budha puniki | kudu anyêgah maring | watêk panastèn anêpsu | dahwèn salah-opènan | kêmèrèn cêthil ajail | cêngil kriwil muthakil srèi waonan ||

20. Darêngki mêdhit nyêngitan | anyarubiru§ Prayoginipun / angarubiru /. basiwit | anyêndhu mring samoanya | sarupaning manungsèki | de lakuning rahsèki | kudu trêsna wêlas purun | asih sakèh dumadya | tindak kang sêdya pinêsthi | kudu têtêp madhêp idhêp pangidhêpnya ||

21. Dene lakune kang manah | kudu lila lair batin | trima nalangsa lêgawa | mungguh pambudinirèki | kudu mêncar sayêkti | jêmbar sabar lan sumawur | dene pandhêngannira | kudu mindêng ênêng-êning | lawan eling mung puniku papacaknya ||

22. Pêpangkataning agama | kaperang dadya kakalih | golongan matang pangkat |Kurang satu suku kata: sagolongan matang pangkat. Upasaka arannèki | siswa mara puniki | kang isih cupêt ing kawruh | iya iku manungsa | kang ngagêm myang manut maring | darma pituduhing Sang Buddha Gotama ||

23. Srana ngucapkên sakèhnya | ing têmbung-têmbung kang uwis | padha dadi pasthinira | apadene anglakoni | mring prajangji kèhnèki | limang prakara ginilut | dene ingkang rong pangkat | aran Sangha têgêsnèki | siswa pipilihan wus kèh pangartinya ||

24. Iya iku manungsa kang | manggung mindêng amumuji | marang ing salamêtira | kaananing jagad iki | lawan angambah maring | marga wolung pakartèku | myang amancik tataran | siji têkan papat tuwin | asarana nglakoni prajanji kèhnya ||

--- 4 : 132 ---

25. Pantog sapuluh prakara | de kang padha nglaksanani | sinêbut aran Samana | utawi Biksu wawangi | mungguh ingkang prajangji | limang prakara puniku | kang padha linakonan | pra Upasaka rannèki | Pancasila pan mangkene têmbungira ||

26. Satuhu-tuhu kalawan | eklasing kang ati kapir | nglairakên prajanjeyan | kang rumuhun kita yêkti | nyanyêgah tan natoni | tanapi akarya lampus | lawan tan nganiaya | apadene anglarani | marang ingkang padha kasandhangan gêsang ||

27. Kapindho kita anyêgah | anyênyolong angapusi | ambujuk darbèking liyan | anyanyêgah kang kaping tri | nora bakal akardi | susah ribêt myang pakewuh | marang samèng tumitah | apadene anyidrani | marang ing pamuwus kang uwis winêdal ||

28. Kaping pat kita nyênyêgah | nora laku bandrèk tuwin | jina sapadhanira |Kurang satu suku kata: jina sapapadhanira. mêrdi tan nêdya ngrêmêni | myang dêdolanan maring | wadon kang lyan wajibipun | jablase nora liya | muhung bojone pribadi | ing jangkêpe lilima kita anyêgah ||

29. Anêdya ngombe utama | nora pisan niyat bukti | samubarang ingkang mawa | pakarti wuru ngêndêmi | mungguh kanang prajanji | limang prakara ing ngayun | yèku dadya wajibnya | wong kang nêdya anglakoni | ing agama Buddha Gotama minulya ||

30. Kang dadi paedah lawan | pikantuke wong nglakoni | ing prajanji Pancasila | tinartamtu bakal bangkit | kajèn uripirèki | adoh saking pakaryèku | bilai myang sangsara | sarta rukun ing sasami | kadunungan cipta marang kautaman ||

31. Mundhak-mundhak kawruhira | kang sarta bakal amanggih | enak lawan kapenak |Kurang satu suku kata: enak kalawan kapenak. nèng jro urip têmbenèki | kalawan saya luwih | mungguh uwong iku sarju | gêlêm sartane bisa | anglakoni ing prajanji | kang ingaran prajanji Asthakasila ||

32. Têgêse wolung patrapan | katrangane kang prajanji | kang lilima Pancasila | iya kang wus kasbut ngarsi | pan winuwuhan ranning | têlung prakara puniku | kang dhingin nora nêdya | mamangan sawanci-wanci | de wêdhare lamun arsa amêmangan ||

--- 4 : 133 ---

33. Samubarang kang pinangan | kudu kang ajêg kang mêsthi | tinartamtu ing wancinya | lawan ing samurwatnèki | wuwuhan ingkang ping dwi | aninggal sarupanipun | kabungahan ing donya | kaya linggotbawa tuwin | langên swara kasukan sapapadhanya ||

34. Wuwuhan kaping tri nilar | iya maring sarupaning | rêrêngganing kabagusan | lire nganggo sarwa adi | gêganda wida amrik | apapaès amamangun | kêrik alis gumbala | jenggot ing sasaminèki | kang mangkono mungguh ta paedahira ||

35. Angêkèhkên maring mala | lalarane badan iki | rêgêd lan susahing manah | dene ingkang dènaranni | Dasasila prajanji | ingkang dènlakoni iku | marang sakèhing Sangha | sêpuluh patrapan janji | katrangane iya janji Pancasila ||

36. Kalawan Asthasasila§ Prayoginipun / Asthakasila / kados kasbut ing pada 31 pupuh punika. | ananging dipuntambahi | rong prakara kang sapisan | nora arêp turu mungging | papan ingkang prayogi | anêdya turu dumunung | papan kang tan sakeca | lawan ora arêp bukti | sarupane iwak daging sasaminya ||

37. Kang kapindho jroning gêsang | nèng dalêm donya puniki | sumêdya malarat dunya | suka lila nrimèng ati | mungguh pakolihnèki | laku kang mangkono iku | angêdohkên pakaryan | kêsèt kalawan nyingkiri | sarupane iwak daging sasaminya ||

38. Jangji sadasa prakara | mungguh rubeda kang bangkit | ambatalakên kèhira | tri prakara ingkang dhingin | angên-angên utawi | pikiran sasaminipun | ping kalih pitêmbungan | kalakuan katrinèki | de bisane anglakoni prajanjian ||

39. Sadasa prakara ika | kudu ambuwang tataning | kadonyan sabab yèn ora | mangkono paran (ng)gonnèki | bisane anglakoni | mring tri golongan ing ngayun | kang dhingin banjur ngambah | marang dadalan kang kardi | ing sirnaning sakèhe kang ran Sanandhang ||

40. Dwi mancik tataran papat | katri bakal anêtêpi | mring janji dasa prakara | awit kalamun tataning | iya kadonyan iki | ora tininggal

--- 4 : 134 ---

saèstu | tan bisa sumingkira | saka panggawe panyobi | lan panggodha ngêndi marganira bisa ||

41. (m)Buka kawruh kasunyatan | sabab mungguh rubedaning | kadunyan iku sanyata | kukuh lan lêbêt kêpati | tan bisa gonggang saking | wêwatêkan arannipun | Massariya têgêsnya | watêg mêdhit lawan cêthil | têmahane Awidya bodho wardinya ||

42. Sabab isih rupa raga | têgêse trêsna kêpati | iya maring ingkang donya | wus titi papacak tuwin | wêwalêring agami | kalawan papangkatipun | miwah rubedanipun | myang bangkite anglakoni | Gurisane Cêbolang matur manêmbah ||

286. Girisa

1. Pun patik kawêdharana | ingkang winastan Sanandhang | sang Brahmana mèsêm lingnya | jagad gyanning urip kita | ing samêngko iki iya | sajatine jagadira | panasaran myang pralaya | lawan jagading dumadya ||

2. Lan jagade karusakan | owah gingsir miwah cuwa | kaaprihatinan nyata | lawan cakra-panggilinganmanggilingan. | lair ingkang rambah-rambah | tanpa kandhêg nir wangênan | iku kabèh nora kêna | disèlaki sadayanya ||

3. Kalamun kita puniki | durung bisa tumêka-a | iya marang cahyanira | kawruh ingkang sanyatanya | Cêbolang dupi miyarsa | tangèh (n)dungkap ing wardaya | matur malih kawêdharna | ingkang ngwontênakên Sanandhang ||Lebih satu suku kata: ingkang ngwontênkên Sanandhang.

4. Dingin dènaranni Tanha | wêrdi cipta mring uripnya | kadwi diaranni Karma | de têgêse cipta ingkang | nyamêktani wujud ana | ing jagad iki sadaya | myang ing jagad sunya rurya | myang ngakerat lan sawarga ||

5. Cêbolang malih turira | mênggah sagêdipun sirna | Sanandhang pati kalawan | lair ingkang rambah-rambah | kêdah sarana punapa | kulup sirnaning Sanandhang | pati lair rambah-rambah | kudu-kudu sarananya ||

--- 4 : 135 ---

6. Nyirnakake rong prakara | kang ran Tanha lawan Karma | yèn dhasar wus kabirata | rong prakara satuhunya | banjur bisa luwar nyata | sangka ing kukume ika | wêkasan ingaran arja | apadene banjur bisa ||

7. Angambah marang dêdalan | katêntrêman langgêng ika | sarèhning arang kang wikan | lan nora mangêrti marang | kasunyatan suci ingkang | patang prakara punika | dadi iya mêsthinira | ing salawas-lawasira ||

8. Bakal tansah kudu ngambah | marga lair rambah-rambah | tur sangsara apês nistha | lawan asor nora pakra | lah ta êndi rupanira | ingkang dènaranni ika | kasunyatan sukci mulya | patang prakara ing ngarsa ||

9. Yèku nyatane Sanandhang | nyata uwiting panandhang | nyata sirnaning panandhang | lan kasunyataning marga | sirnaning kanang panandhang | ing kono wusnya mursudya§ Prayoginipun / marsudya /. | lan ngêrti marang kaanan | kasunyatan catur ngarsa ||

10. Têmah wêkasaning Tanha | iya iku cipta ingkang | marang urip banjur sirna | utawa kang aran Karma | iya iku cipta ingkang | nyamêktani wujud mulya | sirêp kanang kara-kara | apadene ing lakunya ||

11. Cakra-panggilinganmanggilingan. ingkang | lair rambah-rambah ika | banjur kandhêg tan lumakya | yèn sira durung uninga | iki gênahe kang aran | Kasunyataning panandhang | kayata ênom lan tuwa | lair rambah-rambah lawan ||

12. Lara tanapi palastra | iku kabèh ran panandhang | mêngkono uga kayata | kaoncatan samubarang | ingkang didhêmêni ika | datansah kara-akêtan | samubarang kang tan dadya | ing tyas dènmohi kapatya ||

13. Tunaning panggayuh ika | yèku wujuding panandhang | ing cêkake dumadinya | wujud kita iku nyata | yèn ta mungguh wêwatêkan | nora liya-liya iya | iku kabèh wus têtela | kawujudaning panandhang ||

--- 4 : 136 ---

14. Ingkang aran Kasunyatan | mangka uwiting panandhang | ana sapta dhingin Tanha | wêrdi cipta kang mring gêsang | kapindho kang mawêrdinya | cipta kang nyamêktanana | iya marang wujud-kita | kabungahan tiganira ||

15. Kasênêngan sakawannya | kalimane karêm (ng)gènnya | ambangun anyaring raga | ping nêm karêp (ng)gonning sêdya | nuruti mring hawa murka | kasapta olèhe sêdya | murih slamête raganya | nèng jagad samêngkone ka ||

16. Utawa anèng bawana | sonya ruri ing têmbenya | ika kang nununtun dadya | jalaran dumadya marga | lair manèh jalma ika | kaping rambah-rambah tanpa | wawangênan salaminya | tangèh yèn bisa mandhêga ||

17. Iki gênahe kang aran | Kasunyataning sirnanya | panandhang kang wus kawahywa | iya pitung bab ingaran | kabèh kang kudu pinêksa | dikalahake sadaya | binirata aywa ngantya | kalabêtan§ Prayoginipun / katabêtan /. manèh ika ||

18. Lan gênahe ingkang aran | Kasunyataning dêdalan | ingkang bakal bisa karya | marang sirnaning panandhang | wolung pakarti kathahnya | dhingin wêruh mring kang nyata | dwi amikir kang prayoga | tri panguripan kang mulya ||

19. Catur ing patitisira | pamicara wêrdinya |Kurang satu suku kata: pamicara kang wêrdinya. calathu kang nora-nora | tindak kang bênêr kalima | pangudi kang pantês nêmnya | eling têtêp kang kasapta | pungkasane kaping astha | panimbang kang jêjêg nyata ||

20. Lah ta iku mau lagya | mratelakakên prakara | pangawruh kasunyatannya | suci sakawan prakara | liya iku misih ana | prentahe agama Buddha | Mas Cêbolang aturira | dhuh mugi linajêngêna ||

21. Ingkang winastan Tataran | de kadi mènèk kalapa | manawi kenging kawahywa | ingkang mugi kaparênga | mêdharakanmêdharakên. pangandika | sang Brahmana mèsêm lingnya | iku kulup piyarsakna | têmbange Pucung prayoga ||

--- 4 : 137 ---

287. PocungTeks asli: Pucung.

1. Ah ta kulup kang dènaranni puniku | Tataran kèhira | lajêre patang pakarti | ingkang kudu-kudu dianggo pancadan ||

2. Wong kang padha sêngsêm marsudi satuhu | marang kasuciyan | lan mring kaslamêtanèki | tataran kang sapisan mangkya winarna ||

3. Dènaranni Patobat mungguh witipun | ing patobat saka | patang prakara puniki | ingkang dhingin awit saka kukumpulan ||

4. Sarawungan lan jalma kang wus kasêbut | budiman utama | kaping dwi jalaran saking | krungu kang pituduh utawa papacak ||

5. Katri awit saka prihatin kalangkung | ping catur jalaran | pan kapêksa sêngsêm maring | bisanipun sêdya utama kang nyata ||

6. Dene lamun ana wong kang ora ayun | niyat amartobat | luwih angèl bangêt mêsthi | (ng)gonne ngambah marang ing dadalanira ||

7. Kasucian marang kaslamêtan mau | mulane mangkana | sêbab jalma iku isih | nandhang wujud ing rêrêgêd rupa dosa ||

8. Nanging pama wong iku yèn wus sinau | nyumurupi marang | kawruh kasunyatan suci | pat prakara ingkang winahya ing ngarsa ||

9. Mung sawiji utawa loro kacakup | sukur papat pisan | dadi patobatirèki | kang mangkono iku wus kêna ngaranan ||

10. Jalma mau sikil wus mancik dumunung | tataran wiwitan | mungguh olèh-olèhnèki | jalma kang wus mancik tataran wiwitan ||

11. Tinartamtu bisa luwar manungsèku | kang rumuhun saka | ingkang aran Sakayati | de têgêse apês cidrane kang raga ||

12. Kapindhone bisa luwar manungsèku | saka Wasikacca§ Ing pada 44, kaca 140, kasebut / Wisikicca / (?). | têgêse sêmanging ati | (ng)gonne bakal nganggêp marang pituduhan ||

13. Yèn wus gambuh marang rong prakara mau | banjur bisa uncat |

--- 4 : 138 ---

saka ingkang dènaranni | iya iku Sila bata-paramasa ||

14. Têgêsipun piyandêle marang sagung | tingkah bangsa srengat | utawa tataning lair | mungguh bakal pikantuke jalma ingkang ||

15. Lumaksana ing tri-rupa wus kinumpul | nuduhke kabêgjan | kang ngluwihi sarupaning | ing kabêgjan ing dalêm dunya puniki ||Guru lagu seharusnya: 12a, ing kabêgjan ing dalêm dunya punika.

16. Myang ngluwihi kabêgjan ingkang tinêmu | nèng jagad liyanya | titi pancatan sawiji | Mas Cêbolang manêmbah alon turira ||

17. Kang winastan apês-cidraning ragèku | paran dunungira | sang Brahmana ngandika ris | lah mangkene apês-cidrane kang raga ||

18. Akèh wae manungsa kang mangka ayun | lumakya mring paran | sawatara adohnèki | bangêt kêncêng sêdya nuli tumêka-a ||

19. Nanging suku rencog awake ngalumpruk | wis bangêt sayahe | wêkasan lèrèn utawi | kudu-kudu kêpêksa nginêp nèng marga ||

20. Ana maning saupama manungsèku | nglakoni puwasa | tur kêncêng tekadirèki | nanging wus tan kuwawa ambanjurêna ||

21. Sabab wêtêng bangêt luwe ngêlih (ng)gêrus | badan bangêt lungkrah | nêmahtêmah. batal sêdyanèki | banjur amêmangan mrih kiyating badan ||

22. Iya ingkang mangkono sapadhanipun | kêna binasakna | apês cidraning rêjêki | dene ingkang tataran kapindhonira ||

23. Iku tumrap-e wong kang anêdya amung | abali sapisan | maring ngalamdonya iki | kajabane wus luwar saka tataran ||

24. Kang kapisan tri prakara kasbut ngayun | kudu banjur bisa | nyunyuda marang karsaning | pancadriya watêg jail sapadhanya ||

25. De tataran kang kaping têlu puniku | tumrap maring wong kang | nora liya bali maring | dalêm donya urip sapisan kewala ||

26. Kudu bisa (m)birat babarpisanipun | kabèh karsaning kang | pancadriya tan ngromèsi | wus tumêka tataran kang kaping tiga ||

--- 4 : 139 ---

27. De tataran kaping pat pungkasanipun | iku tumrap marang | manungsa kang uwis suci | kudu kang wis bisa luwar mring pakaryan ||

28. Kèhe limang prakara ingkang rumuhun | datan kalêbêtan | wus sirna katrêsnanèki | marang ingkang panggawe dunya samua ||

29. Pindha uwis sirna ing pangayun-ayun | kapengin bisanya | urip ana suwarga di | utawane anèng jagad liyanira ||

30. Katri uwis tan darbe watak kumingsun | gumêdhe gumisa | ping pat wawatêkan drêngki | ambasiwit srèi ing sasaminira ||

31. Kaping lima wus tan kadunungan èstu | dening kang Awidya | têgêse Awidya nênggih | kabodhohan pantog tataran sakawan ||

32. Sawusipun mangkono kêna winuwus | ran wus luwar saka | sarupaning dosa yêkti | ing wêkasan bisa andunungkên lampah ||

33. Ing bênêre pangaji-aji pangrêngkuh | tumrap sarupanya | samubarang kaananing | dalêm dunya iki wus tan kasamaran ||

34. Jalaran wus bisa sirna sadayèku | wêwatèk kang ala | dadi pamikir maring |§ Kirang sawanda, prayoginipun / dadi kang pamikir maring /. badan pyanggapryangga. mung sarana kautaman ||

35. De tumrape kang marang ing liyanipun | ing wêkasanira | mung kari thukulirèki | kawlasane kalawan katrêsnanira ||

36. Pangrêksane mring arjaning liyanipun | nora aprabeda | uga kaya pangrêksaning | bapa biyung maring ing atmajanira ||

37. De manungsa kang wus mangkono satuhu | lêpas sing prabawa | tanpa wangênan dohnèki | nganti bisa sumarambah ing sajagad ||

38. Sapandhuwur sapangisor nganti gadhug | lan sakèhing keblat | tan ana sêlanirèki | padha kêbak kaèbêkan kwasanira ||

39. Sartanipun saupama manungsèku | bisa lumintuwa | kaya ta ing sajêroning | ing adêge ing lungguhe ing èsêmnya ||

40. Myang guyune lakune andhêgerèku§ Prayoginipun / andhegirèku /. | sapapadhanira | mangka tanpa owah gingsir | dènnya tumindak mangkono mau ika ||

--- 4 : 140 ---

41. Iku kang kalêbu ing babasan èstu | manungsa wus bisa | nêmu katêntrêman mungging | ing sajroning isih uripe ing donya ||

42. Iki ana manèh wêwatêkanipun | ati ingkang ala | utawa dosanirèki | ingkang kudu-kudu mêsthi sinirnakna ||

43. Dening sang Yodyana wêrdine jalma nung | kang wus ngambah Marra | kasuciyan lan basuki | mungguh kèhe ana sapuluh prakara ||

44. Kapisan Sakaya-niti têgêsipun | pês cidraning raga | Wisikicca§ Ing pada 12, kaca 137, kasebut / Wasikicca / (?). kaping kalih | têgêsipun sêmang-sêmang ingkang nala ||

45. Katri Silapbrata-paramasa yèku | wêrdi piyandêlnya | marang kalairan iki | dene ingkang kaping catur nama Karsa ||

46. Wêrdinipun karsaning pancadriyèku | iya kang anyipta | nyamêktani wujud iki | kaping lima Pati jail têgêsira ||

47. Kanêmira Ruparaga têgêsipun | kang karênan marang | kadonyan sakalir-kalir | kang kasapta Aruparaga têgêsnya ||

48. Pingin urip ana kang ran sawargagung | utawa nèng jagad | ing liya-liyanirèki | ingkang kaping astha Manon têgêsira ||

49. Wêwatêkan gumêdhe miwah kumingsun | kasanga Okakkan | têgêse watak (m)bêsiwit | dene ingkang kaping sadasa Awidya ||

50. Têgêsipun kabodhowan kêbluk kêthul | wus jangkêp sadasa | wawatêk alaning ati | utawa kang aran dosa wus kawuntat ||

288. Pangkur

1. Kalamun ana manungsa | uwis bisa anyirnakakên maring | wêwatêk alaning kalbu | wiwit angka sajuga | têkan lima iku têmbe lairipun | iya sarambahan êngkas | amêsthi bangkit dumadi ||

2. Arikat banjur abisa | ngambah marang tataran ingkang kaping | catur kasêbut ing ngayun | apa manèh yèn bisa | anyirnakkên sawiji têkan sapuluh | iya iku banjur bisa | jumênêng Aseka yêkti ||

3. Wus tan bisa kalêbêtan | marang sarupaning panandhang iki | yèn manungsa lir punikaGuru lagu seharusnya: 8u, yèn manungsa lir puniku. | pamancade ing tataran |Lebih satu suku kata: pamancade tataran. winastan

--- 4 : 141 ---

wus Nirwana |Mungkin baris kelima ini terbalik dengan baris keenam, sebaiknya: lan sing sapa manungsa wus bisa gadug / winastan wus Nirwana / / kalau ini benar, maka baris keenam ini kurang satu suku kata: winastan uwus Nirwana. lan sing sapa manungsa wus bisa gadug | kang kaping pat sarta bangkit ||

4. Ngasorkên sakèh panandhang | yêkti nora bangkit ngambah prihatin | malah kang padha sinêbut | Allah wong agama lyan | padha mèri marang ing kamulyanipun | marang wong ingkang mangkana | iya jalma ingkang uwis ||

5. Sirêp pancadriyanira | gumêdhene wus sirna tan nglabêti | myang pangayun-ayunipun | urip manèh têmbenya | lawan sirna kabodhowan cundhukipun | kang murih mring pangadilan | iya iku têtêp suci ||

6. Saka sakèhing sangsara | kadyangganing mungguh têmtrêmirèkitêntrêmirèki. | kadi mênênging kang banyu | talaga kang nirmala | tumraping wong kang wus mangkonèku mau | kandhêg saka pakartinya | cakramanggilingan jati ||

7. Lair ingkang rambah-rambah | tur ajênjêm angên-angênirèki | sabar ing wicaranipun | lan solah bawanira | mula dadi praptèng katêntrêmanipun | sabab kang ingaran Tanha | cipta marang maring urip ||

8. Lawan Karma cipta ingkang | nyamêktani ing wujud wus samya nir | rèh wus tan klêbêtan iku | pakarti tan akarma | apa dene harda angkara wus surut | ing wêkasan jalma ika | sirêp kaananirèki ||

9. Pindha sirêping kang damar | pan wus titi mangkya gantya winarni | dalan panasaran iku | akèhe mung rong warna | kang tartamtu kudu siningkiran iku | dening kang kirang marsudya | marang kasucian siji ||

10. Lawan marang kaslamêtan | ingkang dhihin tansah ngukura maring | marêming kang hawa napsu | myang pakarêmaning tyas | iya ingkang mangkono ingaran èstu | langkung asor nistha ina | lawan anênuntun maring ||

11. Karusakan kang sanyata | iya iku dadalan ingkang maring | kadonyan samêngkonipun | kapindho gawe susah | myang agawe sangsarane badanipun | mangkonèku tan prayoga | lawan datan maedahi ||

--- 4 : 142 ---

12. Sajatine mung dadalan | têngah-têngah nèng antaraning margi | panasaran loro mau | kang bisa madhangêna | marang pramananing paningalirèku | miwah ambênêrkên marang | tumandukira kang budi ||

13. Nununtun mring katêntrêman | lawan marang ing kawaskithan sidik | apa dene notogipun | iya mring ing nirwana | kang ingaran nirwana kaananipun | cipta kalawan jiwanta | kang wus tan kadunungan ring ||

14. Pakartining tan akarma | sasirnaning kabungahan sakalir | myang sêrênging hawa napsu | pangarêp-arêp pangangsa | uwas-uwas grunêg karêntêg tan ayu | lawan sirnaning panandhang | dadya têmbung nirwana di ||

15. Pan namung saèmpêr kaya | kaananing katêntrêman basuki | utawa ruwat puniku | nirwana uga kêna | ingaranan pati wus tanpa dosèku | iya uga bab kaanan | ingkang uwus nora kêni ||

16. Ingucap kalawan lesan | kang wus nora kêna dinugi-dugi | kalawan pakartinipun | ing pancadriyanira | samonèku kajaba manungsa kang wus | binuka lan panêmunya | pribadi kalawan sukci ||

17. Iku ingkang mêsthi bisa | wruh dununge nirwana jatinèki | katêntrêman langgêng tuhu | kulup yèn tak banjurna | sasorahe agama Buddha linuhung | pitung ari datan tatas | atusing surasanèki ||

18. Bedane agama Buddha | lan Kadewan utawa para nabi | ana astha kang rumuhun | anuduhake marang | kalakuan kawaskithan myang linangkung | nanging nora nganakêna | Allah maujud kaèksi ||

19. Kapindho nuduhkên ika | ing langgênge kaanan kita iki | nging tanpa nganakkên êruh | utawa kang ran nyawa | ingkang nora kêna ing pati puniku | katri anuduhkên marang | ing ananing sangsarèki ||

20. Nanging tanpa nganakêna | naraka wèl api sasaminèki | dene ingkang kaping catur | anuduhkên marang |Kurang satu suku kata: anuduhakên marang. katêntrêman langgêng

--- 4 : 143 ---

ing salaminipun | nging tan nganakkên sawarga | kalima nuduhkên maring ||

21. Bisane sukci dumadya | nanging tanpa nganakkên para nabi | kang dadi juru rahayu | sad anuduhkên marang | ing bisane luwar saka sangsarèku | ananging mêntase saka | pakartinira pribadi ||

22. Kasapta anuduh marang | ing luware saka sarana iki | tan linakon lawan laku | atatapa sêmbahyang | kurban salamêtan sasaji susuhun | nir pangulu agama |Kurang satu suku kata: 8a: nir panguluning agama. tanpa srana samukawis ||

23. Barang kang dènanggêp sutyasucya. | apadene datanpa idi saking | kamurahaning Allahu | astha wèh piduduhan§ Prayoginipun / pituduhan /. | marang kasampurnan kang minulya luhung | kang uga kêna rinangsang | ana ing uripirèki ||

24. Dumunung ana ing jagad | samêngkone iku prabedanèki | Mas Cêbolang nêmbah matur | saking pangintênkula | ingkang nama agama Buddha tartamtu | inggih agami lan dewa | lêlajêre Hyang Pramèsthi ||

25. Têrang dawêg ing samangkya | amangsuli bab karma raosnèki | sami lawan lohkilmakpul | takdir lan pêpêsthènnya | Brahmana ngling kulup ana bedanipun | lohkilmakpul lawan Karma | mangkene kaotirèki ||

26. Sing sapa kang ngandêl marang | ananing kang lohkilmakpul myang takdir | papasthèn iku tartamtu | awit kinarya saka | kawasaning Allah kang sipat Ngalimun | de adile kodrat ika | kadadeyan kabèh iki ||

27. Wus mêsthi kanggonan sêbab | nora nana kang tanpa sêbab yêkti | balik kawruh bab karmèku | kabèh sarupaning kang | kadadeyan kang sinêbut bêcik iku | kayata bagusing raga | luruse sarira ramping ||

28. Enak kalawan kapenak | apadene kasênêngan lan bukti | wibawa sasaminipun | tartamtu nora liya | wus tartamtu iya saka sêbab mau | panggawe ing kautaman | ing mêngko timbangane ||Kurang satu suku kata; dhongdhing jatuh pada huruf i: ing mêngko titimbanganing.

--- 4 : 144 ---

29. Ala cacate kang raga | kang sangsara cilaka wirang isin | nora liya marganipun | sabab saking pakarya | nistha êdur nanging rong prakara mau | lohkilmakpul lawan karma | rasane uga mèh sami ||

30. De karone sami darbya | rumangsa yèn uripe manungsèki | iki kaananing wujud | apadene lakonnya | ing kabêgjan kalawan cilakanipun | iku sajatine saka | panggawene wênangnèki ||

31. Upamane ana jalma | ingkang nora rumangsa andarbèni | dosa atanapi luput | nuli kinaniaya | maring jalma de kang nganiaya mau | lalakoning dalêm donya | manggih kabêgjan basuki ||

32. Yèn wong kang dènkaniaya | ngandêl marang lohkilmakpul takdir |Kurang satu suku kata: ngandêl marang lohkilmakpul kang takdir. utawa papasthèn mau | tartamtu banjur darbya | ing pamikir mangkene panlangsanipun | aku iki tan rumangsa | (n)duwèni dosa samênir ||

33. Iya maring dhèwèkira | ing wêkasan dènkènèkake iki | kudu narima katèngsun | kawula mung sadarma | anglakoni atas-ing sadurungipun | dumadi tulis wus ana | ing lohkilmakpul tinakdir ||

34. Pinasthi karsaning Allah | nanging mungguh sapira gêdhenèki | kacilakan sangsara sru | iku wus mêsthi ana | kabêgjan têmbe (m)buh tumibanipun |Kurang satu suku kata: kabêgjane têmbe (m)buh tumibanipun. kawula tan bisa wikan | dumadi tekadirèki ||

35. Wong ingkang kinaniaya | (ng)gonne nrima kataman ing bilai | patrap kang tan adil iku | mung sumendhe takdirnya | sarta ngarêp-arêp kabêgjan ing pungkur | ingkang wus cinorèk ana | ing lohkilmakpul tinakdir ||

36. Kang wus tan kêna kinira | têmbe bakal tumibane kang takdir | iku ngandêl lohkilmakpul | dene kang saupama | jalma ingkang dikaniaya puniku | ngandêl mring arane karma | sarêng kataman bilai ||

37. Wus tartamtu banjur darbya | ing pamikir anêtêpkên maring |§ Kirang sawanda, mila prayoginipun / anêtêpakên /. adiling kodrat pinuntu | mangkene pamikirnya | mungguh kabèh-kabèh [ka...]

--- 4 : 145 ---

[...bèh-kabèh] ing tumimbulipun | kaanan iku tan liya | saka panggawe pribadi ||

38. Ya êmbuh enggal lawasnya | nguni-uni wus mêsthi kita iki | andhêdhêr sabab tan patut | lagi ing wêktu mangkya | tumimbule nandhang mangkene wakingsun | mula ing kawruh bab karma | pêrlu (m)buwang rong prakawis ||

39. Ingkang dhingin kudu datan | ngandêl lamun sajroning urip iki | ana kang ingaran iku | êroh utawa nyawa | kapindhone kudu anyingkiri iku | uwong kang nora pracaya | mring adiling kodrat yêkti ||

40. Tamat bedaning bab karma | lamun lohkilmakpul papasthèn takdir | iki kawruhana kulup | ran laku kabêcikan | iku sawiji-wijining tindakipun | kang thukule saka nyata | sakarêpaning tyas sukci ||

41. Sarta ingkang mrih slamêta | marang sarupaning kang padha urip | lan nyunyuda sakèhipun | kang manjing kasusahan | lawan kasangsaraning kang liyanipun | wêkasan mung nêdya karya | bungah sênênging sasami ||

42. Kang ran kalakuan ala | iku apan sawiji-wijinèki | kabèh tindak kang tan arus | kang kalakone karya | karusakan saksêrik sangsaranipun | maring ing sapadha-padha | manèh kawruhana kaki ||

43. Samubarang kang dumadya | iku kabèh wus mêsthi anêmahi | (ng)gawa mring karusakanipun |Lebih satu suku kata: (ng)gawa mring krusakanipun. pribadi dhawak-dhawak | mula aywa êsah ing sajroning idhup | (ng)gonnira marsudi marang | katêntrêman kang sajati ||

44. Matur malih Mas Cêbolang | ing Kabudan paran kang sami ngèlmi | kulup têgêse pangawruh | iku upama iwak | dene laku iku upamane bumbu | yèn ta munggah upamanya | kudu ganêp rong prakawis ||

45. Dadi enak rasanira | prabeda yèn salah siji tan mawi | kayata yèn iwak muhung | aluwung yèn pinangan | isih ana rasane enak sadumuk | balik mung bumbu kewala | pinangan rasa punapi ||

--- 4 : 146 ---

46. Mangkono papadhanira | sucining tyas bêcike sêdyanèki | iku ingkang aran laku | pituduhe kang marang | dadalaning kaslamêtan iku ngèlmu | karone kudu tumindak | bokmanawa bisa dadi ||

47. Kulup kabèh kang dakandhar | kang cêkake durung bisa ngaranni | mring pêsthine kahnanipun | lalakoning palastra | mula aja kadara-dara ing kalbu | mamikir prakara iku | balik ta padha-a mikir ||

48. Marang kabêcikan ingkang | lalakone ing têmbe bakal bangkit | tinêmu ana ing kubur | utawa yèn pinanggya | anèng kubur iku ta sapa kang wêruh | mung laire kanyataan | ana ing dalêm donyèki ||

49. Jalma ingkang padha karsa | anglakoni panggawe ngumum bêcik | iku sayêkti sinêbut | jalma-di martotama | Mas Cêbolang manêmbah lon aturipun | mugi angsala sapangat | ulun sagêd ngirib-irib ||

50. Mring kang winastan prayoga | anyingkiri dhumatêng kang tan yukti | Brahmana Siddhi lingipun | kulup nastapaningwang | pujastuti ayu-ayu marang kulup | kala kala suminggaha | yuwana sakalir-kalir ||

51. Sira duk nèng Ngèksiganda | apa wanuh lan gunawaning nagri | Sujanapura rannipun | Cêbolang matur nêmbah | inggih têpang kêrêp tinimbalan ulun | kinèn maos Rama Kawya | lajêng winursitan Jawi ||

52. wontên kang dadya tyasingwang | satriya-di ing Ngalêngka kakalih | Sang Wibisana linuhung | oncat saking ing praja | Kumbakarna ngrungkêbi ing prajanipun | Wibisana duk prang lawan | MitragnaMintragna (dan di tempat lain). ngujar-ujari ||

53. Kumbakarna prang kalawan | Sri Sugriwa samya imbalan angling | ratuning wre nguwus-uwus | lah ka§ Prayoginipun / lah ta /. kawêdharêna | jarwa sêkar macapat bae pikantuk | ingsun arsa amiyarsa | laguning têmbang Mantawis ||

--- 4 : 147 ---

54. Ing mangke padha rinasa | sarasaning satriya-di kakalih | kinarya cacagak lungguh | lan maninge supaya | rinungok ing para cantrik mangayu |§ Prayoginipun / rènungu / [Kurang satu suku kata: rinungokkên ing para cantrik mangayu]. Mas Cêbolang nêmbah tandya | (m)buka swara rum aririh ||

55. Tandang Arya Wibisana | nêmbah risang Ramawijaya aglis | mangsah dharat wre gumrubyug | mulat Sang Wibisana | magut ing prang wanara surak gumuruh | makanjar acikrak-cikrak | wau kang ayuda kalih ||

56. Wus panggih ayun-ayunan | Wibisana lan Mitragna aglis |Kurang satu suku kata: Wibisana lawan Mitragna aglis. hèh Gunawan sira iku | nistha atinggal kaka | ingsun kinèn amocot utamanggamu | jêr sira satriya nistha | damèng parikrama balik ||

57. Saking jrih mungsuh wanara | jajêmbêring satriya kênèng pidhir | kêkês aprang lawan munyuk | ina sakti kakang. gawat | bagus anom tinggal nagara anungkul | mèlu wre datan prayoga | Wibisana mèsêm angling ||

58. Èh Mitragna bênêr sira | ngucap-ucap nisthaning wong ambalik | ninggal maring ratunipun | tur ratu kadang tuwa | nanging wênang yèn ingsun tinggala ratu | yèn têtêp anèng Ngalêngka | kêna durmalaning bumi ||

59. Yèn mungguh si Wibisana | yêkti seje lan sagung pra dipati | cacêdhis mrih mati bingung | ingsun mrih pati arja | nadyan kadang lamun ratu aru-biru | durjana duskartèng jagad | druhaka kang anunggoni ||

60. Mitragna angundha kunta | Wibisana tan wurung sira mati | tadhahana iki limpung | Mitragna gora sabda | anibani limpung lir ancala guntur | tadhah Arya Wibisana | wêntala tan angênèni ||

61. Katiban limpung tan obah | wanti-wanti Arya Wibisana glis | sigra ngikal gadanipun | Mitragna gya ginada | rêmuk rêmpu katiban gada malêdug | pêjah sang wira Mintragna | wre mulat suka samya (n)jrit ||

62. Wus kèndêl suka kang myarsa | Brahmana ngling lah bacutêna kaki | Sang Kumbakarna duk pupuh | mêngsah prabu Sugriwa |

--- 4 : 148 ---

ing lagune kaya têmbang iki mau | Mas Cêbolang anglênggana | wêwah radi amlasasih ||

63. Prabu Sugriwa umangsah | yun-ayunan susumbarira aris | èh rêksasa iya ingsun | narapati Sugriwa | ratuning wre tate mungkasi pakewuh | siwaya ngasmarèng laga | kaonang-onanging bumi ||

64. Sumbagèng ngrat dening kanang | sinudara risang rêtnaning jurit | mandra prakosa dibya nung | rêbutên ing ngayuda | mèsêm arya Kumbakarna lingira rum | hèh babo ratuning kênap | dene ta têka kumini ||

65. Sugriwambêg sarjanèngrat | Kumbakarna waspa drês asta kalih | sumrikut ngusapi êluh | manglah anuduh driya | baya uwus titahing dhiri tan ayu | bênêr sira sumbar-sumbar | solah ayuningrat yêkti ||

66. Kadya tugu sinukarta | ing sakala lajêng tan mobah mosik | myarsa sumbare wre prabu | kanggêg tyas angandika | hèh rajèng wre aja kok-kira yèn ingsun | danawa candhala murka | nora mamak ngong ngajurit ||

67. Ingsun tan nêdya druhaka | ing ratumu jêr nyata sotyèng bumi | susmaya angeja tuhu | amurwa ayuningrat | dak kapakke kaparênge awakingsun | amèlu ratu druhaka | sira wus bêgjanirèki ||

68. Nglabuhi narendratama | nanging iya mungguh yudèngsun iki | nêdya nglabuhi prajaku | jêr ingsun trah Ngalêngka | kaki buyut natèng Ngalêngka ing dangu | mêngko kancikan ing mêngsah | sêdhêng wus matiyèng jurit ||

69. dadi lamaking nagara | nora cipta wani ring Dasarati | myang acipta labuhingsun | mring kaka Buminata | jêr ing pati duringrat digang adigung | amung nglabuhi nagara | pan datan kêna pinilih ||

70. Papêsthèning kang sarira | ala ayu pinanggya tan agingsir | parêk ing angganirèku | muwus ing tyas gya krodha | Kumbakarna tuhu prajurit linangkung | wijiling nata sudibya | Prabu Sugriwa kasilip ||

--- 4 : 149 ---

289. Mijil

1. Kèndêl dènnya manêmbang kawuri | kang miyarsa (n)jomblong | tyas kakênan ing wilêt arume | ngondhok-ondhok rinaos wuwuse | risang amlasasih | Kumbakarna luhung ||

2. Mas Cêbolang aturira aris | ulun dèrèng (ng)gayoh | Sang Gunawan kang dadya tekade | têka (m)balik kang raka ngrungkêbi | mring prajanirèki | Brahmana lingnya rum ||

3. Kumbakarna satriya linuwih | apa kang ginayoh | duk wit aprang Ngalêngka adarbe | atur marang raka dènnya amrih | raharjaning nagri | Dasaswa tan keguh ||

4. Atur yêkti dupèh mungsuh kapi | malah ari kinon | mangsah ngrana tan lênggana tyase | anglungguhi kasatriyanèki | nir waswasing galih | tekad tan na surut ||

5. Cipta laboh nagara punagi | mati ing palugon | Wibisana putus wiwekane | wus waskitha jroning naya wêning | sartane maniti | wruh wêkasanipun ||

6. Ala ayu kang durung kalair | Sang Koda wus wêroh | sakarone wus utama kabèh | salah siji atut dènluluri | Gunawan undhagi | jajah kawruhipun ||

7. Ana crita nagri Aspahani | kang jumênêng katong | Sang Dulkarim-kobra paparabe | gung kinaot sasamining aji | samya tur ubêkti | luhur kratonipun ||

8. Duk samana sang nata tinangkil | kang sumiwèng katong | para raja nèng byantara andhêr | Sang Dulkarim-kobra angondhangi | ring wadyanirèki | kinèn karya gupuh ||

9. Maligendah sawijining nagri | kang polatan anon | ngalor ngetan ngidul myang ngulone | myang kang têbih bubulakirèki | malige kang nginggil§ Prayoginipun / inggil /. | karsane sang prabu ||

10. Angirapkên wadya-kuswanèki | kang atêbih tinon | sagung wadya ing manca prajane | abusêkan samya nambut-kardi | cakêting maligi | ana omahipun ||

11. Nini-nini sakalangkung miskin | wisma alit rompoh | kadi

--- 4 : 150 ---

suwung trocoh nir pintune | wus binubrah dènnya nyambutkardi | paripurna nuli | matur ing sang prabu ||

12. Sang Dulkarim myang (n)jêng pramèswari | mijil sing kadhaton | kêbut para santana wadyane | busanendah surêm Sang Hyang Rawi | praptaning maligi | minggah sang aprabu ||

13. Mulat maring wadya kang abaris | kadya samodra rob | osiking tyas kalimput yêktine | tuhu agung ing karatonmami | sapa kang kuwawi | nyangga bobotingsun ||

14. Saking gunging pra prawiramami | wus akèh pra katong | nêmbah mring sun miwah ngluhurake | nahên nini-nini kang (n)darbèni | wisma rompok alit | kesahe ngaluyug ||

15. Angupaya nafkah kang binukti | karsaning Hyang Manon | anèng marga kataman sakite | apan lagi dhangan sawatawis | sêdya mulih sarwi | (m)bêkta bras saraup ||

16. Jajanganan sagêgêm myang nyangking | rèncèkan patunon | dupi prapta prênahe wismane | wus tan katon kandhêg nini-nini | prênahe wismèki | kanggonan wadyagung ||

17. Lawan ana malige gêng adi | kang jinujug kono | nguni iku prênahe wismane | para wadya kang sami udani | nyêntak kinèn nêbih | lan (ng)gonne sang prabu ||

18. Nini-nini tan ngarèwès nuli | jinorogkên gupoh | ambruk kênèng rèncèkan kayune | babak bunyak badan awor gêtih | sasambat mlasasih | sru ginulung-gulung ||

19. (ng)Garêsing tyas nanging nêdhèng Widdhi | Allah GustiningnongGustiningong. | amba dènniaya sang pramasepamase. | Sultan Ngabdulkarimkubra yêkti | sintên kang sayogi | tulung kawlasayun ||

20. Liya Tuwan kang sipat udani | kawusane mêlok | lah walêsên punika pamase | tan mariksa mring kawula cilik | nini-nini maksih | gulung awor marus ||

21. Ana swara karêngèng hèh nini | tangiya dèn-gupoh | Sang Hyang Suksma arsa (n)dhawuhake§ Prayoginipun / (n)dhawahake /. | babêndu mring Sultan Ngabdulkarim | samantrinirèki | myang wadya sadarum ||

--- 4 : 151 ---

22. Nini (n)dêling kagyat nuli tangi | gya lumaku gupoh | kapiyarsa jumêgur swarane | trêsing wadya kang samya abaris | lan trêsing maligi | dununging sang prabu ||

23. Sitinira apan wus winalik | dhuwur dadi ngisor | tinibanan dahana kubênge | gègèr uyêg tan bisa sumingkir | sambat-sambat nangis | ngalor-ngidul latu ||

24. Ngetan ngulon kinêpung ing agni | kukus mulêg ngrodon | mumbul-mumbul kasaban bumine | ana swara kapyarsa sang aji | lah sandhangên iki | dudukèng Hyang Agung ||

25. Awit jalma tinggal nama tuwin | niaya wong asor | lan leleda sira satuhune | (ng)gonmu dadi kalipahing WiddiWidhi. | samono dhawuhing | babêndu Hyang Agung ||

26. Awit saking jalma nini-nini | sultan nangis (m)bêngok | bumi ingsun ungkabana bae | ingsun tobat tan pariksèng cilik | atanapi adil | paramarta tuhu ||

27. Ana pandhita nujum satunggil | patarèn sang katong | nguwuh-uwuh sêru panangise | dhuh Pangeran ngapuntênna mami | sangêt tan kuwawi | tinubruk ing kukus ||

28. Amba botên tumut dosa yêkti | sapolahing katong | kang tan sae amba èngêtakên | nanging awis ginêga wakmami | kang swara nauri | pagene sirèku ||

29. Anunggoni Sultan Ngabdulkarim | niayane ngradon | nora nganggo tutur bênêr kowe | lawan sira datan mentar saking | nagri Aspahani | dwija dêlap nguthuh ||

30. Ratu niaya sira tunggoni | lah rasakna mêngko | dudu kang dhumawuh mring kowe |§ Kirang sawanda, mila prayoginipun / maring /. sangsayarda kukus lawan gêni | gêsêng ingkang bumi | tumpêsan sadarum ||

31. Wadya ingkang kari jro nagari | sadaya yu wutuh | iku kulup mungguhing rasane | Sang Gunawan ringan angoncati | manawa dumadi | lir pandhita mau ||

32. Mas Cêbolang matur manganjali | saèstu kinaot | Wibisana makatên lêkase | wontên malih kang ulunrêmêni | nalikanirèki |

--- 4 : 152 ---

Prabu Rama kondur ||

33. Mring Ngayudya Sang Putri Manthili | lawan kadwi katong | nèng Wimana rinêbut dityane | Brahmana ngling wêdharêna kaki | wusnya mangênjali | Mijil sêkaripun ||

34. Pêksi manyura sêmbadèng warni | abagus kinaot | aparigêl antêng pangigêle | lamun muni unine na pinrih | anganggêp ngêngkoki | marmane ngunguwung ||

35. Ramawijaya ngandika malih | hèh ta yayi katong | mungguh ing sira apa karsane | yayi marang kang kimêlipkumêlip. iki | apa ta kinanthi | myang pinisah iku ||

36. Prabu Ngalêngka umatur aris | pukulun sang katong | kinanthiya bilih tanpa gawe | aran sami tinitah pribadi | punika sor nênggih | manungsa linuhung ||

37. Ewa punika nuwun pun patik | ing sabda sang katong | Sri Bathara Rama ngandikane | iya uwis kanyatahan ugi | prandene kang luwih | pan kabèh kinukup ||

38. Ing satêngah mangkono dènnya ngling | karone lan ingong | tambuh-tambuh iya kang rinampe | durung tamtu badanne sawiji | yèku ngrurubêdi | tan wun karya kuwur ||

39. Ing sawênèh yayi ana angling | pa-gene mangkono | bênêr ranne kudu cece-buce | sapa kang dènarsa-arsa malih | liya manungsèki | kang tinitah luhur ||

40. Upamane kulup tanpa ragi | cêmplange karaos | yêkti pedah ana raragine | pan mangkono ana wuwus malih | yèn mangkana yêkti | êndi ênêripun ||

41. Prabu Ngalêngka matur wotsoriwotsari. | tan kênèng winados | dadya têmah sasênêng-sênênge | samya amrih kautamèng pati | pati kang patitis | tatasing pangawruh ||

42. wontên pandhita tuwan§ Prayoginipun / tuwa /. atapi | sataun angalong | tapa ngèli sataun lamine | pan sataun angon surya nênggih | parandene mati | anitis ing kuwuk ||

--- 4 : 153 ---

43. Kang makatên paran kadipundi | sangêt salah ênggon | daya lamun sarassa kuwuke | kuwuk pilêg gudhig tuwin mêngi | mung kang dènadhêpi | pitik duk tumurun ||

44. Arsa nubruk kawênangan nuli | ginêbug ing lodhong | kalèsèdan putung bêboyoke | dadi rubungane rare alit | pandhita niwasi | punika pukulun ||

45. Paran kamurahan bathara di | punapa tan yêktos | gêng abranta makatên wêlase | warti barang titih bathara di | barang ingkang pinrih | yèn têmên tinêmu ||

46. Narendra Rama ngandika aris | yayi kang mangkono | durung (ng)guguru iku yêktine | durung duwe panganggêp kang yêkti | kasusu sumuci | bingung kadalurung ||

47. Mila datan kêna ginagampil | waluyaning layon | iku mau kêsiku sêmune | bangêting tapa kinibir yêkti | marmane kuwalik | (n)dadak dadi kuwuk ||

48. Tur kuwuke pilêg sarta mêngi | tiwase kalakon | dènnya mêsthi tan mawi sumendhe | barang karya yayi niniwasi | poma dipuneling | rèhnya madêg prabu ||

49. Wusnya kèndêl panêmbang Pamijil | aturira alon | kadiparan pukulun bèntêne | manitis manukmamanuksma. myang majalmi§ Prayoginipun / manjalmi /. | tuwin manglimputi | Brahmana lingnya rum ||

50. Panêmuku ingaran manitis | anunggal sayêktos | ing kaanan sarana pêjahe | iya iku ing panduk pandoning | sêdya ingkang maring | kaanan puniku ||

51. Kang pinasthi manthênging pangèsthi | jroning ayun layon | duk amancat asmaralayane | de manuksma têgêse manunggil | kaanan ananging | tan sarana lampus ||

52. Dene manjalma wêrdi pan sami | nunggal kaanan pon | nanging alus marang ing wadhage | lah ngalimput wêrdi samar tuwin | ngalingi alus mring | kaalusanipun ||

53. Mung samono gaduking tyasmami | kulup mangsaborong | mungguh ing panêmunira jêbèng | Mas Cêbolang matur wus

--- 4 : 154 ---

nyondhongi | Brahmana ngling malih | ing agêsang kulup ||

54. Kudu wêruh kukum watêknèki | ing kanisthan adoh | pamicara punika yêktine | mawèh rêsêp kang sami miyarsi | tatakrama mêsthi | ngêdohkên panyêndhu ||

55. Pan kagunan kinarya ngupadi | boga anistha sor | kalakuwan bêcik saèstune | wèh rahayu ing angganirèki | nunggil-misah kari | lan kang wus winuwus ||

56. Patrap budi ayu miwah ngèlmi | yèn bisa ywa ngantos | akasupèn jroning urip kiye | iku èstu parabot pêrmati | yèn tinggal sawiji | kirang jangkêpipun ||

57. Tan widada utamaning urip | patrap iku manggon | pasihane Hyang kang murbèng rèh |§ Kirang sawanda, mila prayoginipun / kang amurbèng rèh /. budi iku madhangake kalmi§ Prayoginipun / kalbi / = kalbu = manah. | (m)bêg ayu dumadi | karaharjanipun ||

58. Ing ngaurip praptanira lalis | de ngèlmu sayêktos | anyawabi santosaning tyase | rinampingkên muhung awas eling | riningkêskên malih | eling gadugipun ||

59. Kabèh iku wus winêngku eling | poma diwaspaos | Mas Cêbolang ngunandikèng tyase | nyata alim sang Brahmana iki | kiwa têngên ramping | sanyata pinunjul ||

60. Mangênjali aturira aris | sabda kang dhumawoh | ulun pundhi salami-lamine | èstu dadya geyongan ngaurip | sampun anyêkapi | wirangronging kawruh ||

290. Wirangrong

1. Kaecan imbalan angling | injang têkan lingsir kulon | tanpa ngraos lupa sadayèku | Brahmana lingnya ris | iki nganti kalepyan | minum nyamik myang nadhah ||Kurang satu suku kata: minum nyamikan myang nadhah.

2. Èh bocah ladèkna aglis | saanane sangu kono | (m)bèn-ombèn

--- 4 : 155 ---

panganan sêga gandum | kêlêman maya nis | dasih tanggap tinata | nèng ngarsa sampat mirantya ||

3. Ayo kulup dirahapi | apa saananing sugoh | wus kalungsèn mangsa kang pakantuk | (ng)gonnira bukti |Kurang satu suku kata: (ng)gonnira abukti. sugata tan misrama | sangune wong nèng baita ||

4. Lumayan rêrêm kalantih | ingkang sinung sabda gupoh | nadhah jinajahan raosipun | eca sadayèki | tan ana kang kuciwa | bikut rèh nêmbe uninga ||

5. Dumugi (ng)gènnira bukti | wusing ngundurkên alon |Kurang satu suku kata: wusing ingundurkên alon. linorotkên marang Ki Darmayu | kalawan Nurwitri | Saloka Kartipala | Palakarti wus anadhah ||

6. Ki Saloka gèdhèg angling | ing sajêgingsun tumuwoh | lagi nêmbe iki mangan nginum | pakolèh mring dhiri | marêm sêgêr sumyah | tambah mathênthênging badan ||

7. Karênan tyase sang yogi | mèsêm angandika alon | saturahanira sanguningsun | pasrahêna maring | rewange si Cêbolang | iku dimène kinarya ||

8. Sangu dènnya (n)don lumaris | kang sinungan nêmbah gupoh | maringkên tirahan sangu sampun | tinampènan maring | rencange Mas Cêbolang | Brahmana malih ngandika ||

9. Kulup ingsun arsa bali | mring palwa sira nakingong | kariya raharja sapungkurku | têbiha sakèhing | bêbaya sambekala | katêkan kang sinêdya ||

10. Cêbolang umatur aris | sru kapundhi kang dhumawoh | dadosa jimat dasihipun |Kurang satu suku kata: dadya jêjimat dasihipun. ngaturi pamuji | mancal praptaning praja | manggiya suka raharja ||

11. Gya ngujung sarencangnèki | wusing ngujung wiku bodhol | sadaya tumutur praptanipun | têpining jaladri | Brahmana sarencangnya | wus minggah maring baita ||

12. Bêdhol jangkar mancal saking | laut kidul ngidul ngulon | lir pasir lumaras§ Prayoginipun / lumarap /. lampahipun | katon widik-widik | tandya tan kawistara | Cêbolang kantun anggana ||

--- 4 : 156 ---

13. Mring Ki Darmayu wus pamit | [...] |Kurang satu baris: 8o. sasowangan lampah Darma mantuk | Mas Cêbolang tuwin | rencangira sakawan | lajêng lumampah mangetan ||

14. Nyabrang lèpèn alit wêning | wanci Hyang Surya tumlorong | mèh manunggang arga kang samya dus | èstri sami èstri | caciblon gêgêndhingan | samya langên gêgojegan ||

15. Tan rininga§ Prayoginipun / tan riringa /. solahnèki | rangkêpan malik mantholos | bokong jênar kiyal mupruk-mupruk | rangkêpane kentir | rikuh kang rinawatan | wimbuh miyat kang anyabrang ||

16. Priya kang kakalih pêkik | kang samya dus anon (n)jomblong | supe ing wiweka wadinipun | datan dènrawati | katon mawijah-wijah | kang kintir rangkêpanira ||

17. Ngungkurkên balêdhês mlêdhing | toya muwêr ngajênging rong | suka kang anyabrang myat pêpêncu | rampak nyêngkirgadhing | cacingklok pindha pudhak | Nurwitri myang Mas Cêbolang ||

18. Kakênan tyasira rujit | myat rara yu-ayu sêntor | kanggêg lampahira mêmpêng (n)dulu | tinampan ing liring | katalika kèngêtan | gita mêntas jagigikan ||

19. Macak malèpèt mathinthing | cariwis sêmon-sinêmon | gèrètan jorogan kacêmplung byur | mêntas anjêdhindhil | anglès manguman-uman | nosotakên lêlarikan ||

20. Kang samya nabrang dumugi | ing brang wetan lampahnya lon | nolèh asung ulat têka gathuk | lawan kang tinolih | apindha prajanjiyan | tartamtuning prajanjiyan ||

21. Wus laju lampahirèki | ngambah jurang-jurang sigrong | mênlasak glagah gêng-gêng galur |Kurang satu suku kata: anêlasak glagah gêng-gêng galur. dhusun dhukuh awis | dalu sipêng ing wana | tan cinatur laminira ||

22. Kawuryan pagagan têgil | marga alit limit anjog | maring padhusunan ing Sêlaung | Cêbolang lingira ris |Lebih satu suku kata: Cêbolang lingnya ris. paran rèh sru katoran | payo mampir padhusunan ||

23. Kang katon ing ngarsa iki | rencang sakawan rumojong | ngambah [ngam...]

--- 4 : 157 ---

[...bah] ing pagagan têgal talun | tanêman mawarni-warni |Lebih dua suku kata: tanêman mawarni. jèpèn canthèl bang pêthak | otèk juwawut myang boga ||

24. Anêdhêng wohe andadi | abêntêt mêntas gumeyong | kasilir ing angin manggut-manggut | sêmu-sêmu kadi | ngawe ingkang mahawan | nahan ta pangagêngira ||

25. Ing Sêlaung ki pêtinggi | Nursubadya santri kolot | laka§ Prayoginipun / saka /. pagunungan tanah kidul | rencang santri-santri | têbih marang wadonan | kèh lampah gêmblak jathilan ||

26. nênggih Nursubadya lagi | anèng têgal nyangking jompong | sruwal pêthak panjang bênting sarung | ikêt wulung langkung | dupi myat kang mahawan | mêdal saking patêgalan ||

27. Mapagakên kang lumaris | tundhuk sasalaman gupoh | gantya-gantya pragat têtanya rum | kang nêmbe pinanggih | paringa pangaksama | mring wong arga tan wrin krama ||

28. Pun bapa anilakrami | sintên sinambating jlamprong | ing wingking pinangka kang kinayun | tanggap kang sinung ling | ulun rarya Mantaram | pun Cêbolang namaningwang ||

29. Rencang catur pun Nurwitri | Saloka kang wrêdha jenggot | Pala-Kartipala samya ayun | maring Pranaragi | nanging dèrèng wrin marga | katlanjur praptèng Pacitan ||

30. Wus kawêdhar sadayèki | Subadya ngakak lingnya lon | bagus gangsal pisan yèn sarajusarujuk. | ulun purih kampir | lêrêm ing wismaningwang | kalamun wus mantun sayah ||

31. Sakarsa laju lumaris | supadi aywa kajlomprong | ulun ingkang têdah marginipun | Cêbolang nuruti | wus kerit Nursubadya | sapraptanira ing wisma ||

32. Rubiyah kinèn (ng)gêlari | pandhapa salu kang kulon | myang kinèn mirantya sêgahipun | têtamu wus munggwing | salu ajèjèr wayang | dhuh anak dipunsakeca ||

33. (ng)Gènnipun pinarak sami | (ng)gih punika sudhungingong | kang sinung ling mapan (ng)gènnya lungguh | sunggata mangarsi | wedang katêmulawak | jae lalaban gêndhis klapa ||

--- 4 : 158 ---

34. Wajik otèk jèpèn tuwin | juwawut canthèl karawon | klobot paududan upêt mancung | panigan miranti | kang lalados wanita | tan ana jalu sajuga ||

35. Ki Wisma angacarani | wawi anak ywa pakewoh | jampining katoran wedang têmu | jae gêndhis krambil | nyamikan sawontênnya | paringe Allah Tangala ||

36. Cêbolang sarencangnèki | wus samya ngrahabi sugoh | kawistarèng nayana mangungun | ki panti wus (n)dugi | klèjêming tamunira | mèsêm-mèsêm lon wacana ||

37. Saking ing pangintênmami | sami eram dene anon | sadaya wanita jalêripun | sawiji tan mawi | mangke bilih wus wêkdal | kula angandhar carita ||

38. Punika wanci Mahribi | wêkdal nèng ngriki kemawon | langgar sawêg risak galaripun | tan kobêr nyantunni | santri kèh ambalayang | gêmbêlakan jajathilan ||

39. Wus mring sêndhang sadayèki | samya wulu gantos-gantos | wangsul mring pandhapa mapan sampun | adan Ki Nurwitri | Sunat Mahrib paragat | Mas Cêbolang nulya kamat ||

40. Saloka ingkang ngimami | Mahrib prapta Ngisa manggon | Sunat puji donga wus kacakup | sasalaman sami | nyai wisma mangarsa | angladosakên sugata ||

41. Sêkul jagung jangan mênir | sambêl pantês ayam babon | panggang cinocohan lalabipun | kacambah kêmangi | sambêl gocèk traos bang | ingulêt we jêram linglang ||

42. Sampating panatanèki | Subadya lingira alon | lah puniki anak bêdhatipun | rubiyah tyang ngardi | tangèh lamun mirasa | suwawi wawanting asta ||

43. Bismilah adan abukti | kokoh jangan cekoh-cekoh | ingurap cambah panggangipun |Kurang satu suku kata: ingurapan cambah panggangipun. pinothèng waradin | lombok kêncêng linalap | linothèkkên trasi abang ||

44. Dumugi sami abukti | ambêng rampatan linorot | nyamikan padutan slêpa bambu | wus lumadyèng ngarsi | sumangga (ng)gèr mangsêkan | supados sampun kumambang ||

--- 4 : 159 ---

291. Maskumambang

1. Kang sinung ling sasênêngira wus ngambil | manadhah mangsêgan | udut mucang sêdhah rawis | Nursubadya mêdhar sabda ||

2. Santri ngriki kêpaung ngudubilahi | parentahing sarak | awis ingkang dèntêtêpi | (ng)gêga karsane priyangga ||

3. Gêmblak wau warok gênggêk§ Prayoginipun / gegek / = kukuh, kiyat, santosa. Kados ing pada 29 pupuh punika. namanèki | tan rêsêp maring dyah | rubiyah sami kapering | rêmênipun jêjathilan ||

4. Warok gênggêk§ Prayoginipun / gegek / = kukuh, kiyat, santosa. Kados ing pada 29 pupuh punika. adat kalakuhanèki | patrap panganggenya | tuwin ginêmipun sami | botên mupakat ing kathah ||

5. Ngangge ikêt lawan kacu wiyarnèki | wulung langking gilap | mêlêng-mêlêng klawus kadi | nyunggi gênthong babar anyar ||

6. Mawi kuncung satêbah winalik | mondholan sinubal | gêngnya sami sirahnèki | nèng ngandhaping (m)bun-êmbunan ||

7. Pêpèthèkan satêbah anyêkar-turi | dhèblèngên tri kilan | jinèmbrèng sinungan tajin | anjêbabah ngering nganan ||

8. Mawi kotang kipêr pêthaknèki |Kurang dua suku kata: Mawi kotang kipêr warna pêthaknèki. bathok balu§ Prayoginipun / bolu /. wêtah | binuntêl ing sinjang abrit | mata itike sakilan ||

9. Klambi Jawi sikêpan kipêr linangking | wit gulon mangandhap | miwah lêngên kanan kering | bêntêt pinasangan kaca ||

10. Mawi sruwal pêthak cêmêng silih-asih | nutupi dlamakan | ing ngiringan kanan kering | miwah pungkasaning ngandhap ||

11. Sinung jêmlêm gêmbyong lawe kang kinardi | usus-usus panjang | ngalèwèr kalèngsrèh siti | binara arembyak-rembyak ||

12. Yèn pinuju lumampah ngangge kacu tri | cinancang pangglangan§ Prayoginipun / paglangan /. | kinalungakên satunggil | têkên linggis nyangking berang ||

13. Suka ngungun gèdhèg-gèdhèg kang miyarsi | ngudubilah minha | dene têka (ng)gêgirisi | paran kang nami jathilan ||

--- 4 : 160 ---

14. De jathilan lare jalêr kang prakati | kang wanda wanodya | ayu manis umur lagi | gangsalwlas warsa lumampah ||

15. Lamun wontên rarya jalêr kang kadyèki | pra warok rêbutan | kadugi asung sarami | ing dalêm sawarsanira ||

16. Anyukani pituwas mahingsa kalih | utawi titiga | mênggah pêrlunipun jathil | wênèh kanggo kasênêngan ||

17. wontên ingkang pinindha rayat kinasih | miwah wontên ingkang | kinarya ngupados asil | binarangkên pindha tandhak ||

18. Binusanan sacara-caraning èstri | ingkang sarwa endah | rinêngga ing sari-sari | binalonyo gandawida ||

19. Warok gênggêk§ Prayoginipun / gegek / kados ing pada 29 [lihat bait 3 di atas]. sabên mirêng wontên jathil | tinanggap gamboyongan |Lebih satu suku kata: tinanggap gambyongan. tartamtu sami ningali | lajêng pabên pasulayan ||

20. Mratah sami damêl moga patrap tuwin | ginêm sasongaran | ngewak-ewakakên ati | adamêl saksêrik ing lyan ||

21. Wus dilalah lajêng kadunungan budi | onggrongan gêndhungan | sumêngah dak êdir kibir | angkara botên eraman ||

22. Gadhah cipta tan kawon samèng dumadi | tangèh rumaosa | apêse badan puniki | kumalungkunge andadra ||

23. Ngêndêlakên aji jaya wijayanti | myang isarat-sarat | kawêngku isining bumi | lêlananging jagad-raya ||

24. Bilih nuju marêngi ri riyadi |§ Kirang sawanda, prayoginipun / ari /. samya dhatêng kitha | mring lun-lun niningali | wêngah§ Prayoginipun / wêwah /. rêrêngganing badan ||

25. Mrêcon agêng alit rinèntèng kinardi | kêndhit kalung srempang | tuwin ginubêtkên tali | usus-usus praptèng ngandhap ||

26. Mrêcon agêng kinarya cundhuk susumping | pinindha jamangan | lèng irung dipun sêsêli | dèn-êmut mêcoco mangang ||

27. Gya sinulêt katon kadi Sang Hyang Agni | kiprah sru gambira | kang pêdhak gègèr lumaris | kang myat surak-surak suka ||

--- 4 : 161 ---

28. Wênèh nyunggi jathilan binusanan di | mubêng-mubêng giyak | papakan tan nêdya nyingkir | malah wantun nêndhang (n)dugang ||

29. Langkung malih warok gêgêk yèn pinanggih | sami warok tandya | èkèr molahakên dhiri | kabranang dadya kêrêngan ||

30. Karowangan pêpênthungan linggis wêsi | têp-antêpan sela | udrêg dene kang kapilis | satêngah dhèr ginosongan ||

31. Mas Cêbolang ngungun atatanya aris | tingkah botên kaprah | têrkadhang aniniwasi | damêl sangsaraning liyan ||

32. Prentah nagri têka botên angawisi | (ng)gèr botên kadosa | nguni sampun dènawisi | malah andadra dêksura ||

33. Mila lajêng kinèndêlkên prapta mangkin | agênging kang manah | rumaos dipunidèni | wasana wruh tatacara ||

34. Warok gêgêk wontên malih dènrêmêni | dados reyog mawa | gêndruwon barongan jathil | ingkang dados rêringgitan ||

35. Tinambuhan§ Prayoginipun / tinabuhan /. salomprèt bukaning gêndhing | angklung thingklung kêndhang | kênong kêmpule mêkasi | ambarang myang tinanggênah ||

36. Ngarak ngantèn tuwin rare dènsunati | kalamun kapapag | lan sanès golongannèki | barongan anggro lir singa ||

37. Ngikal lamêng gandarwo amolak-malik | kang anumpak kepang | pindha kuda (m)bêkos (n)jondhil | mbêngingèh alunjak-lunjak ||

38. Saya parêk mêngsah kadi mangunjurit | barongan kêrahan | gandarwo asilih-ungkih | kang kapalan lêng-ulêngan ||

39. Sasodhoran pênthungan bithi-binithi | kuwêl rêg-urêgan | sanadyan sayayah bibi | kalamun sanès golongan ||

40. Tan pêrduli manjing dadya mêngsahnèki | kèndêl kang dènarak | kalamun salah sawiji | sampun wontên kang kabranan ||

41. lajêng sapih suwuk gêndhing magut-jurit | buka gagêndhingan |

--- 4 : 162 ---

giyak kang ungguling jurit | merang kang kasoran yuda ||

42. Ngancam-ancam têmbe yèn pinanggih malih | arsa nyaur wirang | walês-winalês aganti | makatên sajêge gêsang ||

43. Bilih ayun nyatakkên cariyosmami | kêparêng lêrêpa | ngantos sawatawis ari | Paing ngajêng pêkên Pucang ||

44. Wagenipun pêkên Myang Lêginèki |Kurang satu suku kata: Wagenipun pêkên Mayang Lêginipun. pêkên ing Jambeyan | tartamtu warok (n)dhatêngi | ambêbingah jêjathilan ||

45. Benjang Kliwon kula sinêdhahan maring | Kyai Têgalamba | nyunatkên sutanirèki | mawi reyog rak-arakan ||

46. Sasarêngan lan kyai ing Têgalsumpit | sami prêlunira | anak bilih amarêngi | (m)balabagi caritamba ||

292. Balabak

1. Mas Cêbolang mangsuli sumanggèng karsi§ Prayoginipun / karsa /. | andhèrèk | kyai wisma kalangkung asukarêna | manahe | lingira ris hèh rubiyah parentaha | mring batèh ||

2. Konnên-nata pondhok sakilèning wisma | ing êlèr | Mas Cêbolang lan Nurwitri dimèn nunggal | pondhoke | Ki Saloka Palakarti Kartipala | kidule ||

3. Amarintah nyi wisma mring batèhira | tan suwe | wus arampung samêkta sapirantinya | matur ge | Nursubadya angling maring tamunira | ecane ||

4. Sami ngaso anuntumakên sarira | mring pondhok | krana Allah kawula ywa subasita | galiye | dènakadi anèng wismane pribadya | patrape ||

5. Kang sinung ngling matur nuwun wus umentar | praptane | jawi wisma kapanggih Ki Wrêddajaga | regole | ngirit èstri kasapta saking Pacitan | sêdyane ||

6. Maring Pranaraga bakul sambiwara | kawêngèn | nêdya kèndêl nèng ngriki ing benjang-enjang | lajênge | (n)dumugèkkên lampah [lam...]

--- 4 : 163 ---

[...pah] Cêbolang duk miyat | malêngèh ||

7. Wrêddajaga wus matur mring lurahira | prentahe | pasrahêna mring nyai mèn turu wisma | kabèhe | kang yun mondhok matur sampun susah-susah | kyaine ||

8. Yèn kêparêng nyuwun nèng (n)jawi kewala | enjinge | kalilana lajêng pangkat amrih gancang | lampahe | yèn mêngkono prênahna nèng kulon omah | lor dhèwè ||

9. Wus ingirit nèng pondhok sakilèn wisma | lêt gèntèr | lan pondhoke Cêbolang lêga tyasira | kakèkne | wangsul maring regol saptèstri tan drana | nulya ge ||

10. Mring pondhoke Cêbolang dupi pinangyapinanggya. | sarèhne | nunggal karsa jumbuh kapiadrêng samya | kakunge | tanpa taha èstrine datan sawala | rêgèdèg ||

11. Kang sajuga binêkta mring sênthongira | kang êlèr | Ki Nurwitri nèng sênthong kidul manggènnya | wus (ng)gèrèt | kang lilima sudhiya nèng ambèn jaba | ngalèlèh ||§ Prayoginipun / ngalèyèh /.

12. Ambèn êpring lalajuran watonnira | têmpuke | ing asmara babanggan suwaranira | grat-gêrèt | ngadhuh-adhuh ngêsês-êsês gantya-gantya | ning rirèh ||

13. Dupi ayun katrêsan rasa kang nyata | sêgune | napas ngangsur sambat tobil ngudubilah | thik ngene | orêg grag-grêg kang sami nèng ambèn jaba | napase ||

14. Gumurêmêng gulu salit dalèwèran | kringête | nyunyung mrêntul rumaras angarawistha | anune | kêmbêng-kêmbêng ing panggagas kadrawasan | rasane ||

15. Badan sami marinding (m)bêkuh wus lêga | napase | pangangsure alon-alon ngisis waja | acape | rèhne kadi darbe aji pancasona | milane ||

16. Tan pantara dangu pulih drênging nala | (m)brêgènggèng | wus luwaran kang kataman (n)don asmara | wêdale | ginantènan kakalih kang anèng jaba | solahe ||

--- 4 : 164 ---

17. Tarlèn kadi ing ngarsa mung sambatira | kang bènèh | wus luwaran wêdalira sêsarêngan | katrine | kang nèng (n)jawi kakalih malêbêt sigra | mêndhiyêt ||

18. Kantun siki dèrèng kataman asmara | (n)jêdhodhog | dupi ingkang nèng sênthong wus kasêmbadan | karsane | sarêng mêdal kang jêdhodhog (m)lêbêt sigra | sênthonge ||

19. Mas Cêbolang radi sarèh patrapira | pagude | kaparêng (ng)gon tan dangu mijiling rahsa | wadene | dènnya kêjêr marambah-rambah nging panggah | bêtèke ||

20. Ngantu-antu wijiling asmara priya | milane | sami sêngkut (ng)grêgut-(ng)grêgut sangsayarda | dhokohe | pinudyèng tyas asarêng wêdaling rahsa | sambate ||

21. Adhuh simbok adhuh lae iki apa | nyamlênge | sampun-sampun aluwung pinêjahana | dasihe | tan kuwawi nêlaskên bayuning angga | sru cape ||

22. Luwaring kang papagutan ing asmara | nglênggèkke | Ni Waita èngêt mring Nurwitri tandya | (m)brêgènggèng | wus waluya mêdal gya tumamèng marang | sênthonge ||

23. Ki Nurwitri netra êrêm-êrêm sata | praptane | si Waita gya (n)dhêsêl anunggal nendra | tanggape | gêmêt tapis sajabaning parewana | kaliye ||

24. Sami adrêng amrih paguting asmara | nulya ge | Ki Nurwitri anamakakên warastra | andêngkèng | ramening prang angorêgakên bawana | ning ambèn ||

25. Gonjang-gonjing jumêthot lir gêlap ngampar | galare | kang (n)don lulut rêsêp aliru prabawa | têmahe | datan ana kasoran sampyuhing yuda | kaliye ||

26. Kasaputing asmara pindha kantaka | sawuse | kasiliring samirana tandya mêdal | akanthèn | bêbondhètan Mas Cêbolang nèng paheran | katrênjoh ||

27. Katri wusing susuci sarêng wangsulnya | praptane | ambèn jawi Waita kang sawêg mêntas | dèn angge | Ki Nurwitri binêkta mring Mas Cêbolang | katrine ||

--- 4 : 165 ---

28. Praptèng sênthong ginambang alemah-lemah | lir gêrèh | gantya-gantya wusing katrêsnan malembar | sijine | tiga pisan sarasa marême samya | manahe ||

29. Ingkang kantun nèng ngambèn jawi titiga | nulya ge | binêkta mring Nurwitri katiga pisan | ginêndèr | pamrih sarêng ingêcupan gantya-gantya | sundrine ||§ Prayoginipun / mundrine /.

30. Wus warata katri kataman asmara | wancine | pajar gidib kanêm sami wêdalira | kang ijèn | anèng jawi tumuntur dupi praptanya | pondhoke ||

31. Angêncêngi sinjang kasumêkanira | nulya ge | mangkat datan ana jalma kang uninga | lampahe | tan cinatur wus prapta ing wismanira | sakèhe ||

32. Wau èstri pipitu ingkang anungka | yêktine | pra wanita kang adus anèng sabrangan | wingine | lir sêmayan nututi kang (n)don lumampah | sakèhe ||

33. Sami kênya mung siji wulanjar mudha | warnine | rêsik-rêsik kuning suluh mukanira | manise | dhasar berag winulang ni bo(m)bok. wulanjar | solahe ||

34. Sukarêna lam-lamên jroning asmara | pindhane | lir supêna sigêg kang wus kasêmbadan | karêpe | winursita Mas Cêbolang sarewangnya | nulya ge ||

35. Mring paheran kalihe anêlês rema | aduse | Ki Saloka Palakarti Kartipala | adhèhèm | ngunandika kaya mêntas pancakara | kaliye ||

36. Dènbut pitu nora lirip datan lêsah | mêtègès | Nurwitri ngling saratri pulês anendra | têmêne | nglilir-nglilir basa wus mèh bangun rina | kemase ||

37. Aku ingkang mungu gugup banjur marang | pondhoke | pra waela suwung siji thil tan ana | kang kècèr | kang Saloka gêtunku tanpa upama | mulane ||

--- 4 : 166 ---

38. Nêlês rambut rèhning mêntas nganta-anta | maune | bok kalalèn ngimpi tunggalan asmara | guyune | Ki Saloka Palakarti Kartipala | barênge ||

39. Wusing ngambil toyastuti mring pandhapa | kabèhe | kyai wisma wus nèng pandhapa pupuja | nulya ge | Karti adan kèndêle anulya Sunat | Subuhe ||

40. Sampun Sunat Palakarti nulya kamat | kèndêle | ngangkat parlu Subêkti nulya pujian | dhikire | myang andonga matumpa-tumpa arampak | amine ||

41. Kèndêl (n)donga parentah nyai ladèkna | wedange | myang sarapan saanane mumpung enjang | wancine | tamunira arsa marang pasar Pucang | kabèhe ||

42. Wus lumadi sunggata enjing-enjingan | sawuse | nadhah nulya mangkat marang pasar Pucang | kang kinèn | ngatêrakên santri wêda§ Prayoginipun / wreda / [wredha]. Nursangkala | praptane ||

43. Pêkên Pucang rame pasar wancinira | tan suwe | miyat warok aran warok Kramaleya | jathile | anèng cêngêl suku kalih (n)japit jangga | silane ||

44. Lumaksana (m)bêkèr mandêlik kang netra | larene | amiturut parentahe jathilannya | pêrlune | amiminta jajanan miwah busana | kang cècèg ||

45. wontên malih warok gêgêg gêng sambada | aranne | Ngabdul Singanêbah (m)bêkta jathilannya | sinèlèh | pundhak kiwa rinangkul suku kalihnya | anèrèng ||

46. Tangan têngên mathênthêng amandhi sada | arènne | wacana sru sapa ingkang kêlar nangganyangga. | bobote | satus kati saking kakèk Wêrkudara | karanne ||

47. Rujak-utêg iki yèn dak uncalêna | pasthine | wong sapasar baya datanpa kukupan | bathange | daktibakna gunung sirna sagara sat | banyune ||

--- 4 : 167 ---

48. Kramaleya duk myarsa ngêsês lingira | dhèk êmbèn | aku nguyuh nèng têngahing ara-ara | anjimpe | dadi banjir desa akèh ingkang ilang | uwonge ||

49. Lawan rajakaya pitik iwèn samya | lêlangèn | mung sirahe jumbul-jumbul kawistara | tujune | mitraningong cacing kalung wlas tumingal | banjure ||

50. (m)Bêndung banyu têmah mambêg desa-desa | wangsul (ng)gèn | omah wrêksa tumancêp kadi waunya | sawuse | samya wangsul toya kinokop têmah sat | anggêrèng ||

51. Duk sliringan kaliye samya bramantya | nulyage | Kramaleya (m)brengkal sela sajêmbangan | agênge | kinêprukkên Singanêbah tangkis sada | durmane ||

293. Durma

1. Sela sumyur Kramaleya sru mangrêmpak | sada cinandhak kêni | rame drêg-udrêgan | gantya dugang dinugang | jêjêgan bithi-binithi | jêngkang jinêngkang | kuwat banting binanting ||

2. Jathilane suka sami sêsêndhonan | canthoka gung ing wukir | kakang kawispita | sarpa ponthang wisarda | aja sumêlang yèn lalis | ngandêla marang | papasthèning ngaurip ||

3. Jathilane Singanêbah gya manêmbang | babo gêmblakan mami | tirong lit dhompolan | yèn nganti kasorana | kadi paran solahmami | lamun mangkana | kambang-kambang (ng)gonmu sih ||

4. Warok gêgêk kaliye dupi miyarsa | panggasahe kang jathil | asru mangkrak krura | nêbih kang sami cêlak | nanging tan ana ngromèsi | ayêm sadeyan | rukêt warok kakalih ||

5. Sami pêdhot napase sarêng ambruknya | (n)dhoko satêngah mati | jathilan tan pisah | èngêt Ki Kramaleya | myat mungsuhe anggalinting | alatah-latah | cikrak-cikrak ngidêri ||

6. Sumbar-sumbar sira wus modar têmênan | mangsa uripa maning | kok kira antaka | dhèk mau raganingwang | ngragasukma

--- 4 : 168 ---

jatinèki | nglarak nyawanta | lan nyawane si jathil ||

7. Wus dakêrut anèng kayu dhingdhing-jalal | nadyan uripa maning | nyawa sasiliyan | Kramaleya wus kesah | jêjogèdan sirik-sirik | kasorot arka | gêbyar-gêbyar (m)blêrêngi ||

8. Singanêbah wus waluya malangkadhak | angguguk (m)bêngok angling | jidhèt Kramaleya | sirna sabêbathangnya | (ng)gonku pindha wong ngêmasi | marak wak Brama | myang marêk paman Angin ||

9. Nyuwun gungan ngobong bathange si Leya | awune paman Angin | kang duwe bubuhan | iki wus kalêksanan | kacihna agasik rêsik | gya lincak-lincak | gela-gelo lumaris ||

10. Mas Cêbolang miwah santrinya sakawan | samya suka tan sipi | nyêbut astagapirlah | têka datan anyimpang | kadi caritane kyai | warok gêndhungan | gêmblung dak êdir baring ||

11. Sampun wangsul mring Sêlaung Mas Cêbolang | lawan sarencangnèki | (n)jujug pamondhokan | sabên kalane wêkdal | tanapi sunggatanèki | wanci tan ewah | kadi duk wingi uni ||

12. Sabên Wage enjing marang pasar Mayang | Nursangkala umiring | praptanira pasar | myat warok nêm abayak | sami datan (m)bêkta jathil | nulya kapapag | warok gêgêk sawiji ||

13. Aran Kasan Mesakrura nyangking berang | têtêkênipun linggis | gênge mèh sapucang | (m)bêkta kalih jathilan | pinundhak ing kanan kering | binusanendah | pinindha-pindha èstri ||

14. Anyalêmong ya iki lananging jagad | lawan tan kêna pati | timbul têguh jaya | mitrane malaikat | sanja-sinanja ganti |§ Kirang sawanda, prayoginipun / ti-ganti /. yèn ingong lungan | kang (n)jangkung mas Ijrail ||

15. Warok ingkang tanpa jathil duk miyarsa | sawiji (n)jarag wani | numbuk saking wuntat | Maesakrura kagyat | nolèh lajêng ngayat linggis | tinangkis sirah | narik lamêngirèki ||

16. Gya linamêng linggis tugêl bêt kasingsal | narik berangirèki | wiyare sakilan | panjang sadhêpa ngayang | warok kang kalih

--- 4 : 169 ---

ngindhik |§ Kirang sawanda, prayoginipun / angindhik /. kalih jathilan | wus binêkta malêncing ||

17. Mesakrura tambuh jathil tambuh mêngsah | cancut arsa nututi | pan kinalang-kalang | siniwo ngering nganan | gaman tan ana nêdhasi | lamêng kalewang | linggis wus dènbucali ||

18. Warok catur sarêng nyikêp Mesakrura | linumahkên mring siti | tanganne pinênthang | suku kalih cinancang | wus tan bisa mobah mosik | gya tinindhihan | watu sagajah gêring ||

19. Ingurugan uwuh sapasar |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / Ngurugan / [pernyataan ini tidak benar, tetapi kurang tiga suku kata: Ingurugan kalawan uwuh sapasar ]. sinulêd agni (n)dadi | pindha wisma kobar | kang cakêt kagègèran | warok sakawan wus anis | ngruruh jathilan | nanging datan kapanggih ||

20. Mas Cêbolang sarowang wus wangsul marang | ing Salaung lir nguni | nahan Lêgi enjang | marang pasar Jambeyan | myat warok sakawan nami | Dul Sarpakrura | lan Kasan Banthèngkanin ||

21. Katêlune aran Amat Kuwuknasak | catur Mas Jayèngwarih | lumaris sarêngan | lamênge sinarempang | nyangking klewang têkên linggis | omong-omongan | (ng)gonne ngupaya jathil ||

22. Sarpakrura angling (ng)gonku angupaya | ing arcapada tapis | dhenok yèn kapanggya | dakgawa (n)dhêlik marang | têlênging kang jalanidhi | titip si êmbah | Baruna Sang Hyang Tasik ||

23. Banthèngkanin nyalêmut (ng)gonku ngupaya | marang jroning jaladri | sêpi sêpên sêpa | gonès lamun kapanggya | dakgawa mring mêndhung putih | titip Ki Gêlap | dimèn ginêdhong wêsi ||

24. Amat Kuwuknasak bêkuh-bêkuh lingnya | (ng)goningwang angulati | marang madyantara | gadhug langit kasapta | kabare kewala sêpi | lamun pinanggiya |Lebih satu suku kata: lamun pinanggya. dak titip Sang Hyang Api ||

25. Amat Jayèngwarih mèncêp-mèncêp lingnya | tobil (ng)gonku ngulati | maring kawah-kawah | ingkang mêdal dahana | padha bae tan manggih |§ Kirang sawanda, prayoginipun / amanggih /. lamun pinanggya | daktitipkên ratu jim ||

--- 4 : 170 ---

26. Warok catur uning Nurwitri Cêbolang | samya kataman branti | kathah solahira | kang amrih kasatmata | adol swara dhahamdhèhèm. (m)bêkik | wênèh jogèdan | pamèr barana picis ||

27. Mas Cêbolang lan Nurwitri wus (ng)graita | masang kamayan mandi | aji pangasihan | tanapi pangèdhêpan | warok catur darbe kingkin | samya rumangsa | sinênêngan wong kalih ||

28. Asmararda nyujanani warok tiga | angêmbat têkên linggis | hèh kodhik minggata | wong loro iku apan | mung ingong kang mambu ati | padha trima-a | jêr sira tan pinilih ||

29. Tan darana warok tiga sarêng mangkrak | namakkên lamêng linggis | Ki Dul Sarpakrura | angga rêmpu wus tiba | gantya Kasan Banthèngkanin | ingkang linawan | sangking ing ngarsa wuri ||

30. Bokong ngarêp tinotog linggis wus niba | Kuwuknasak Jêngwarih | tandya lêlinggisan | lajêng antêb-antêban | rukêt abanting-binanting | kaliye samya | pêdhot napasirèki ||

31. Ting gulimpang tan ana kang munasika | Cêbolang lan Nurwitri | lawan rencangira | wus wangsul mring pondhokan | nahên Kaliwonnya enjing | Subêki awal | paragating ngabêkti ||

32. Wus sêsèmèk Subadya lan tamu mangkat | ing marga tan winarni | praptèng Têgalamba | rarya kang tinêtakan | ayun mangkat wus miranti | tan dangu budhal | reyog kang anèng ngarsi ||

33. Kalihdasa wahana turangga kepang | tiga jathilanèki | lumampah ing têngah | sarunèn mungging wuntat | lima gêndruwon kang kalih | anèng ing ngarsa | amandhi sabêt arit ||

34. Kalih mandhi lamêng rumêksa jathilan | sawiji anèng buri | mandhi wadung kapak | budhal swara gumêrah | srunèn slomprèt ngêlik-êlik | kêndhange ngaplak | kêmong kêmpul tinitir ||

35. Angklung umyung (m)bêngingèh kang munggèng kapal | jinantur srunèn ririh | jathilan sindhènan | sênggak kang numpak kapal | sirig-sirig suku jinjit | gulu oklèkan | liyêp satêngah guling ||

--- 4 : 171 ---

36. Praptèng bongan katungka arak-arakan | saking ing Têgalsumpit | kang wahana kuda | mandhi jêbêng slawe prah | jathilanira kakalih | gêndruwo papat | kakalih mungging ngarsi ||

37. Kang sawiji ngamping-ampingi jathilan | sawiji anèng wingking | mandhi alugora | wênèh mandhi prabatang | myang mandhi barungkrah êpring | amandhi wrêksa | cangkring ri kêrêp lungit ||

38. Uning lamun ana sarênganne ngarak | gambira kiprah sami | molahkên turangga | (m)bêkèr anujah-nujah | gêgêndruwon bêkih-bêkih | unclang prabatang | susumbar minta tandhing ||

39. Praptèng bongan kèndêl sawijining dhadhah | sisihan datan nunggil | Cêbolang lingira | maring Ki Nursadangsa | sadaya gêndruwon iki | kadi kang samya | nèng pasar-pasar nguni ||

40. Inggih bagus gêndruwon ing Têgalamba | ingkang dados pangarsi | Ngabdul Singanêbah | Banthèngkanin kalawan | Mas Jayèngwarih kakalih | punika ingkang | (m)bradhat jathilan kalih ||

41. Namanipun Gadjahbihêr krudha-muntap | kang ngarak Têgalsumpit | Kasan Kramaleya | Kasan Maesakrura | Amat Kuwuknasak tuwin | Dul Sarpakrura | sasanga jadhug sami ||

42. Nahên rare ingkang tinêtakkên pragat | Têgalamba rumiyin | patraping lumampah | kadi duk angkatira | arakan ing Têgalsumpit | amangah-mangah | lir buta mangsa daging ||

43. Tan pantara budhal saking ing ngêbongan | reyog ing Têgalsumpit | tandhangtandang. nyimpang marga | titindhih Jakalodra | tandya nglambung saking kering | arak-arakan | ing Têgalamba uning ||

44. Gêndruwon kang anèng ngarsa sung sasmita | marang kang munggèng wajik | turangga ginêbrag | nyandêr ayun-ayunan | wus campuh asilih ungkih | jêbêng-jêbêngan | rêmêk tan migunani ||

45. Panataping kêmpul lir pêcah-pêcaha | kêmong kêmung tinitir | kêndhang dhung-dhung ngaplak | angklung umyung kèh rêmak | salomprèt acêrak-cêrik | surak gumêrah | wor pangriking turanggi ||

--- 4 : 172 ---

46. Panjriting kang kanin ngadhuh sambat pêjah | rukêt slênthik sinlênthik | atujah-tinujah | sepak-sinepak miwah | brakot binrakot anggigit | daging matimpal | kuthah ludira mijil ||

47. Turanggane maratah dumadya abang | katuruhan ing gêtih | krodha Singanêbah | ngamuk punggung manêngah | arit bapang ambabati | turangga rusak | ginarèthèlan arit ||

48. Kramaleya uning lamun Singanêbah | rumusak ing turanggi | ngikal gada wrêksa | cangkring êri mawrêddha | Singanêbah anadhahi | arite (m)bapang | (ng)grèthèli êri cangkring ||

49. Têmah alus gadane Si Kramaleya | tumèmbèl angênani | sirah Singanêbah | malopor muncrat-muncrat | Kramaleya wus dènarit | kakêmpung babrak | glogok jêrowan mijil ||

50. Sakaliye gumalinting anèng kisma | kèndêl kang andonjurit | kang datan kabranan | wangsul marang panggenan | kang dènarak angêntosi | sawusing tata | ing lampah tan nalisir ||