Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

294. Salisir

1. lajêng kang arak-arakan | praptèng panti sowang-sowang | para tamu sinêdhahan | manadhah myang binêrkatan ||

2. Reyog lawan sarencangnya | wus sinungan pasunggata | tanapi opahan arta | bubar mantuk suka-suka ||

3. Para tamu wus bubaran | Nursubadya Mas Cêbolang | praptèng marga gya pamitan | mapan ulun ayun wikan ||

4. Kang sami nandhang kabranan | wusanane kadiparan | sarencangnya wus linilan | ing lampah sewang-sewangan ||

5. Wus dumugi ing (ng)gènnira | kang samya nandhang sangsara | pating glêrêng ngaruara | Cêbolang sru wêlasira ||

6. Cinatur kang samya tatu | sadaya waluya tuhu | gumrubyuk nyungkêmi suku | gumrumung tur sêtyèng kalbu ||

7. Cêbolang mèsêm lingira | manira iku mung dêrma | ora bisa apa-apa | iku kuwasaning Sukma ||

--- 4 : 173 ---

8. Lah ta wis padha muliya | Kramaleya lon aturnya | punika tiyang sadaya | rencange Ki Nursubadya ||

9. Sami Sêlaung kang wisma | sampun sawatawis lama | ngêlambrang ngupados têdha | kalawan sukaning nala ||

10. Paran kang dadi karêpmu | apa mulih apa laju | nutugkên sukaning kalbu | nganti lali anak putu ||

11. Yèn sira mulih ing panti | barênga kalawan mami | sun mondhok wismane Kyai | sadaya dupi miyarsi ||

12. Sukane kapati-pati | ulun mantuk marang panti | (n)dhèrèk sampeyan sayêkti | sampun kangên anak rabi ||

13. Ing batin agêng melike | mring Nurwitri sadayane | Cêbolang mring pondhokane | [...] ||Kurang satu baris: 8e.

14. Singanêbah Kramaleya | kalawan sakancanira | sapraptanira ing wisma | anak rayat sukarêna ||

15. Lapur marang Ki Subadya | waluyaning nandhang brana | Cêbolang kang sung usada | wus katur sasolahira ||

16. Ya sukur Alkamdulillah | yaiku tulunging Allah | sakadarmu kudu gêpah | misungsung ingkang krana-Lah ||

17. Wus mundur praptaning wisma | parentah mring rabinira | atur sunggata kang pakra | ing tamu bagus janthara ||

18. Namung sumanggakna Nyai | tanggap rikang anak rabi | sawusing sami miranti | sêlur sinasrahkên Nyai ||

19. Subadya dupi umèksi | sêkul ulam amênuhi | panganan mawarni-warni | ngundhung-undhung pindha ardi ||

20. Nulya mring pondhokanira | Mas Cêbolang dènbêjani | kang samya waluya jati | punika atur ngabêkti ||

21. Tangga têpalihnya mèri | ngantos ngêbaki pandhapi | prayogine mangke ratri | trêbangan kados prayogi ||

22. Cêbolang anayogyani | mênggah parêngipun Kyai | punapi Maulut nabi | punapi lalagon Jawi ||

23. (ng)Gih anggèr manut wêdale | prayogi lagon Jawine | dimène suka manahe | tyang brangwetan dèrèng nate ||

--- 4 : 174 ---

24. Uning gêndhing-gêndhing praja | amborongakên pun bapa | Cêbolang matur sandika | minta busana wanita ||

25. Nyai wisma wus nyukani | sampêt paraboting èstri | mancapat lima miyarsi | gupuh-gupuh yun ningali ||

26. Nahên suruping Hyang Rawi | bakdaning wêktu Ngisa-i | Cêbolang lawan Nurwitri | wus samya busana èstri ||

27. Cêbolang (m)branyak rêspati | Nurwitri ruruh alindri | sapraptanira pandhapi | malbèng wisma marêk Nyai ||

28. Minta gantèn lan wêwangi | gya mêdal maring pandhapi | orêg kang samya umèksi | jalu èstri sukèng kapti ||

29. tarêbang kalih miranti | wêwah kêndhang kang (m)bakoni | Ki Saloka Palakarti | Kartipala kang nêrbangi ||

30. Ki wisma asung sasmita | kinèn awit tandya bawa | rikang gêndhing Êla-êla | jêjêran kakalih bêksa ||

31. Ngadêg madyaning pandhapa | kadya tugu sinukarta | (n)jèngklèk miwir uncal wastra | tumênga mêrêm netranya ||

32. Driji kêjêr sinasotya | kanan dhêngklang mênthang sweda | gêtêr mawil-wilan samya | ngalênggak nênggak mamatya ||

33. Tan mingsêt saking panggonan | lamun dèrèng ingêgongan | gêndhing aniba sêsêgan | ronggèng lêkas baberagan ||

34. Larap nilap pindha kupu | kirig tarincing kang suku | lir tan ngambah bantalèku | sêngklèh nampèl-nampèl pupu ||

35. Parigêl ukêl cênthungan | alalathèn lon-êlonan | lambung obah ngula-lanang | pacakgulu lat-ulatan ||

36. Kang miyat jalu wanita | suka rame nahan branta | kèh solahe myang prabawa | samya ajrih sinatmata ||

37. Ronggèng kalih dènnya bêksa | nyarimpi nutug solahnya | gêndhing ngandhêlong anulya | suwuk aso sawatara ||

38. Nginum wedang myang nyamikan | paladèn arêrêbutan | amrih bisa asenggolan | lawan ronggèng sakaliyan ||

39. Wusing têntrêm kalihira | wangsul têngahing pandhapa | bawa sêkar Madurêtna | ran-uran Narpati Darma ||

--- 4 : 175 ---

40. -putra myang sang Dananjaya | matur mring raka narendra | Arimurti saha waspa | ing madya wusananira ||

41. Katur sadaya mring sang rèh | Madurêtna nulya sèlèh | dhawah Kuwung-kuwung nolèh | trêbang gêng lir gong pakolèh ||

42. Manêmbang sapada sowang | swara arum angumandhang | ririh nyênyês awèh rimang | wus ngadêg lambung ongklèkan ||

43. Molahkên sampur kalihnya | gêndhing wus minggah anulya | malêtêr kêkalih pindha | Dyah Supraba Wilutama ||

44. Kalanira langêntaya | pinariksèng pra jawata | mangkana sasindhènnira | kinanthi mawa sarana ||

295. Kinanthi

1. Wau kang murwèng (n)don luhung | atilar wasita jati | hèh manungsa sèsa-sèsa | mungguh ing jamaning pati | ing rèh pêpuntoning tekad | santa santosaning kapti ||

2. Nora saking anon ngrungu | riringa rêngat siningit | labêt asalin salaga | salagune dènugêmi | yèka pangagêming raga | suminggah ing sanggarunggi ||

3. Marmane sarak siningkur | karana angrurubêti | manggung karya was-sumêlang | êmbuh-êmbuh dènandhêmi | iku panggonaning donya | têkèng pati nguciwani ||

4. Sajati-jatining ngèlmu | lungguhe cipta pribadi | pusthinên pangèsthinira | dinêlêng dadya sawiji | wijanging ngèlmu jatmika | nèng kaanan ênêng êning ||

5. Nahên kang sami angrungu | mawarna kang dadi ati | ana (ng)gilut surasanya | ana lalagoning singir | ana kenyut ing suwara | wênèh kapencuting warni ||

6. Saya ngangsêg sruning kayun | èstri kang sampun udani | punika jatining priya | nglocitèng tyas adhuh mati | kapan baya sinambrama | nèng sajroning tilamsari ||

--- 4 : 176 ---

7. Sru bêbêg têmah kawêtu | sêsambatira ngrêrintih | sêrêt luh drês marawayan | sandhinga kang dèrèng uning | mangungsêt minta pawarta | paran darunaning kingkin ||

8. Bokbilih jumbuhing kayun | (m)bakayu kula belani | binisikan kalih pisan | puniku jalêr nom pêkik | loma rarasing asmara | kula miyarsa pribadi ||

9. wontên èstri mindha bakul | pipitu cacahing janmi | saking tanah ing Pacitan | mariki namung saratri | nlungsur Nurwitri Cêbolang | inggih kang (n)jèngklèk wèh kingkin ||

10. Rêpêt-rêpêt dènnya mantuk | kula ngodhol wontên wingking | sayuk guyub rêraosan | (ng)gonne sami (n)don karêsmin | sajêge winêngku priya | dèrèng nate anrênjuhi ||

11. Raos kang kados puniku | Mas Cêbolang narambahi | srêg nyamlêng tan na kang rênggang | gêmlêgêg têka marêgi | tur dèrèng mêdhar asmara | sak êmbuh raos trus ngati ||

12. Kawit ing jêmpolan suku | naratas pucuking rukmi | mlêndêng nikmat tan amindha | kinintên sampun kapilis | lajêng sinantunan gêlar | basane botên (m)bosêni ||

13. Bèntên Nurwitri puniku | malilit wilêt ngrakêti | sakêdhap-kêdhap karasa | ginramang saking sakêdhik | praptaning lênglêng ulêngan | têka angênyut pribadi ||

14. Turene (n)dadak jumrunuh | wêdharing rahsa nyarêngi | kèndêl ngomèl gêgêblogan | kabêlêt nguyuh kang katri | kang sêkawan kakêrogan | (ng)gêgêt ngêsês ngolèt mringis ||

15. Sambat hut bathok anu-ku | witne iki jêngil-jêngil | kêmbroh sinjange kang kojah | kang sinung ngling amarinding | kringêt ing bathuk tès-tèsan | gondhang salit lingira ris ||

16. Allah (m)bakyu sampun-sampun | mindhak angrêranta ati | lah ta napa niki napa | adhuh mati paran iki | tuntas angunjal uswasa | rumangkuling kang pawarti ||

17. Hara prèhpunpripun. niki (m)bakyu | ngacêmoh lir (ng)garapsari | ngrikine makatên uga | botên sagêd nanggulangi | tuman yèn tan linaksanan | (ng)gih (m)bakyu langkung prayogi ||

--- 4 : 177 ---

18. Kula (n)dhèrèk sabiyantu | pêjah gêsang tiyang kalih | ah adhi sanès pabênan | (n)dika wong winêngku laki | badhe minihi prakara | mendah awak dèkèng niki ||

19. Lanjar sêkar basanipun | sapisan thil tan dumugi | laki (n)dawêg nandhang roga | kalajêng prapta ing jangji | dados sangêt ngangah-angah | ngontog-ontog andon rêsmi ||

20. Lo (m)bakyu têka agathuk | nadyan semahan wakmami | sa Allah sawêg sêpisan | tunggil tilêm lawan laki | sawêg nginguk wus thur-thuran | lajêng nglimprêk kadi cindhil ||

21. Ing samêngko lakiulun | pinalalah dadya jathil | sanjang têng kula supata | êbèng yèn sira kêpengin | sabênêr-bênêre sahwat | saksayahmu janji rêmit ||

22. Sapuluh-puluh awakku | nora bisa nêmbadani | rak êmpun angsal wêwêngan | manah datan mutawatir | lah (m)bok sanadyan konangan | têmtu botên dados runtik ||

23. Kintên kula dhèwèkipun | inggih kêpencut lir mami | awit kulinèng gêmblakan | e lah yèn makatên ugi | wawi sami ingantosan | dhumatêng pondhokanèki ||

24. Kang samya non nêsêl maju | wus anglês tiyang kakalih | tan ana kang munasika | susuci anulya maring | pondhokane Mas Cêbolang | de èstri sanèsirèki ||

25. Ing panggagas akèh jumbuh | myang jalêr kang niningali | warastra kathah (m)bêngkayang | kayungyun ananirèki | tan prêduli èstri priya | waton kalakon sarêsmi ||

26. Sigêg kang samya (n)dêdulu | nahên ta kalih kang ngibing | nutug rarasing gambyongan | sêsêg ngandhêlong kang gêndhing | gya suwuk ingawe marang | Ki Subadya lingira ris ||

27. Ênggèr sêkaliyanipun | prayogi aso rumiyin | ngaring-aringakên napas | êmbok jêngandika cawis | wedang myang dharan sêgêran | bokbilih èstu nyarêngi ||

28. Miwah dèrèng kraos rapuh | pun bapa badhe udani | pambondhan lalagon praja | saiba sukanirèki | jalu èstri kang umiyat | bêtèke nêmbe udani ||

--- 4 : 178 ---

29. Cêbolang mèsêm lingnya rum | punika langkung prayogi | malah manawi kalilan | bibar bondhan lajêng kawit | gambyong mawi linêbêtan | tombok ing sasukanèki ||

30. Winatêsan bibaripun | inggih wanci pajar gidib | manawi taksih kuciwa | benjing-enjing sontên malih | ki wisma kapadhan karsa | wus byawara marang dasih ||

31. Ronggèng kakalih gya wangsul | marang madyaning pandhapi | tumindak singa kalêswan | katon sarêntêg Nurwitri | Mas Cêbolang dlêgang-dlêgang | sarira gilig rêspati ||

32. Buka Ginunjing anggambyung | wusing gong gêndhèng Gumilir | raras nême tan nalimpang | swara milêt mulêt ati | lir pênjalin ingongotan | mêthit-mêthit arum-manis ||

33. Medane kêkalihipun | nèng kalangan angirupi | marang sadhengah kang miyat | gandrung-gandrung nginglung kingkin | tapis laguning ngantaya | sêsêgan tambak Ginonjing ||

34. Kaliye anyandhak payung | tinumpang musêr madyaning | tangan têngên (ng)glintir gagang | munyêt ubênge rêspati | kakêncète kakicatan | sarwi sinjangnya winingkis ||

35. Kumêlap kentol kadulu | kêlap-kêlap pindha thathit | hoyêg payudaranira | (m)balang tingal ngincang alis | kang kasangkut liring berag | suka (m)badhêdhêg (m)badhidhig ||

36. Para wadon kang wus wêruh | susupe kinarya bandhil | jor-jinoran asrah sêngkang | (m)blèjèdi praboting siwi | slepe pêndingpêndhing. kalung gêlang | larene têka gumlinting ||

37. Kang sawênèh kari pinjung | kêmbên salendhang kulambi | pinasrahan mring kang nandhak | warok gêgêg atanapi | warok jlamprang myang wong lanang | ngulungkên katimang kêris ||

38. Wênèh ucul ikêt sabuk | sinjang sêtagen kulambi | kari sruwal sathim dhêngal | dèn-mêg masjêng kantun niki | kula aturakên pisan | latah-latah (m)bêkik-(m)bêkik ||

39. Kang ngabundhan ngikal payung | munyêt pinalangkan wêntis | sasidhènnesasindhène. têka ngalap | manahe jalu lan èstri | ngalètèr mubêng kalangan | ngêdhuyuk nyêk-nyêk sisiring ||sisirig.

--- 4 : 179 ---

40. Mênthang payung mêgar mingkup | muntup-muntup ngujiwati | mintonkên madya saridhang | gumêbyar pindha Hyang Sasi | misih kinêcapan ima | wangsuling sumêkan misih ||

41. Sumunar sorot sumunu | singa kang katiban liring | kukuk ngakak giyak-giyak | sabên ayun gong miranti | kumaruyuk gora sabda | jêng mas-jêng kene rumiyin ||

42. Dènnira gondrong wus dangu | kaliye tambuh pinilih | jumbuh ing bawa tênaga | kang sawiji kaduk manis | sawiji gandês mraking tyas | ngandhêlong suwuk Ginonjing ||

43. Saananya para asung | sinumanggakakên Nyai | aso ngaring-aring napas | Subadya lingira aris | basane mêngko janggrungan | kêna sadhengah nglêboni ||

44. Tomboke sasukanipun | nanging poma aja nganti | pasulayan kakêrêngan | lah iki bongkokan mami | nèng bumbung padha (n)duduta | kang dawa dhèwè rumiyin ||

45. Tumurut nut panjangipun | kang cêndhak pribadi kari | yèn bêngi ki tan kacêkap | sesuk sore wiwit malih | tumandang kang sinung sabda | kang kantukantuk. panjang pribadi ||

46. Ngakak mas-jêng nyuwun dhêngklung | jrèng tombok sêlawe rispis | wus (n)jèngklèk gya linariyan | wedang kopi anèng goci | sisihe cangkir gundhulan | sabên linariyan ping tri ||

47. Suwuk gantya ngandhapipun | jor-joran têtomboknèki | sukarêna kang umiyat | tanapi kang samya ngibing | sêpên ingkang kara-kara | dumugi ing pajar gidib ||

48. Nursubadya ngling wus mêtu | bubaran niyaga aglis | angêndhoni suhing kêndhang | trêbang sêntake dènambil | Ki Nurwitri Mas Cêbolang | kaliye lumêbèng panti ||

49. Tomboke antuk sawakul | wus tinutup lawang kori | Saloka sakanca samya | mantuk mring pondhokanèki | kacuwan kang nyêgat tandhak | gusis sadaya wus mulih ||

50. Mas GêbolangCêbolang. lon umatur | sadaya sumangga Nyai | sadarma dados lantaran | anjingipun kang rêjêki | punika Kiyai Wisma | ingkang wajib andarbèni ||

--- 4 : 180 ---

51. (ng)Gih anak gampil ing pungkur | Mas Cêbolang lan Nurwitri | sawusing lukar busana | mantuk mring pondhokanèki | (m)buka kori kagyat mulat | ana èstri ayu kalih ||

52. Wanci mêmpênging pulanghyun | myang dharan pêpêg sumaji | kalih api-api nendra | sawiji sêmada miring | ngalowong ingkang sumêkan | nyênal payudara kèksi ||

53. Sijine malumah tanggung | saridha kengis sapalih | kataman sunaring pandam | lir wulan purnama mingip | Cêbolang ngling paran kakang | rêjêki têka wèh branti ||

296. AsmaradanaTeks asli: Asmarandana.

1. Upama banjur tan mawi | ginugah kurang utama | nanging iki wus kasompok | payo banjur kinêlonan | sira kang bentrok jênar | ingkang irêngmanis aku | nanging mêngko gêgêntenan ||

2. Dwi èstri duk amiyarsi | jumbuh ing panganta-antapangantha-antha. | kalih sarêng (ng)gloso alon | tangan kiwa ngayuh jangga | têngên tumèmpèl dhadha | grana gathuk sami pucuk | jaladara sipat wokan ||

3. Api-api kagyat angling | iki priye ta mangke ta | iya nora priye-priye | wong wis ngene arêp apa | rara (m)bangunturuta | aja mikir marang iku | jangji mêrêm nora wikan ||

4. Sinjange sampun kawingkis | lumastari ring-iringan | ungkur-ungkuran wadonne | bêbonggan ngêsês angadhuh | malumah sêsarêngan | adhuh bagus nyuwun lungguh | cangkêm kêcut arsa nginang ||

5. Wus linggih sisihe miring | nginang sinambi yod-yodan | rêm-rêm-ayam maripate | purusa ngayuh gêgana | kaliye gumaledhag | marinding badan sakojur | sarêng sambat-sambat pêjah ||

6. Kaliye kalêgan sami | riwe kumyus karênggosan | radi kêndho warastrane | Mas Cêbolang tandya mlembar | Ki Nurwitri aliyan | sêngkut malih kalihipun | nutug tingkahing asmara ||

--- 4 : 181 ---

7. (n)Dungkap wanci pajar gidib | ginêlak wusing luwaran | malêncing nylimpêt wêdale | Cêbolang Nurwitri marang | patirtan wus jinabat | toyastuti nulya Subuh | anèng pondhokan sadaya ||

8. Bakda Subuh mijil maring | plataran pinanggih maring | Nursubadya lon dêlinge | sokur tan ngêpotkên wêkdal | Subêki pamondhokan | rèh dalu sayah kalangkung | pangintên kula kêrinan ||

9. Barêkahipun kyai |Kurang satu suku kata: Barêkahipun kiyai. botên wontên kraos sayah | sukur Alhamdulilah (ng)gèr | warok sami nyuwun bêrkah | jathilan ingaturan | (m)busanani anggagêlung | ngayu-ayu cara praja ||

10. Mangke ratri nyuwun bêkti | binabar anèng pandhapa | Cêbolang suka manahe | kapasangyogyakapasang yogya. yun wikan | tingkahe jêjathilan | wus wangsul mring pondhokipun | wisan-gawe samya prapta ||

11. Warog gêng lit (m)bêkta jathil | lawan busana wanita | pinasrahkên mring Kimase | ginêlung mawarna-warna | kondhe sèntêg puntiran | malang gèndhèl kêling gêlung | bokor mêngkurêp tebokan ||

12. Kadhal-mènèk puntir gilig | jungkat pênyu jungkat sotya | pinantês-pantês lungguhe | teplok panêtêp sasanggan | cundhuk-mêntul kuponan | sêmyok susuk sêkar tanjung | ulan-ulan kinjêng êmas ||

13. Sêkar malathi rinujit | sinêling argulo mawar | sêkar gambir abang putèh | taluki sruni kinarya | borokan salêmpitan | cêpaka pangapit gêlung | myang mèpèt wingkinging karna ||

14. Sêngkang bapang nata brangti | cêplik abyur§ Prayoginipun / abyor /. sêling mirah | jamang-mas lawan sumpinge | kêlatbau gêlang-gêlang | supe tajug jênthikan | driji manis myang panuduh | cèrè gancèt ulan-ulan ||

15. Kalung mas intên sungsun tri | kalung panjang sinêsêran | pêndingpêndhing. êmas cathok slepe | sisinjange lêlêmêsan | pinantês kang sumêkan | tanapi sasampuripun | mawarna-warna binara ||

--- 4 : 182 ---

16. Tanapi wiraganèki | Cêbolang Nurwitri mulang | pangucap liring pacake | myang wiraga wus widagda | tumancêp anèng nala | Cêbolang lingira rum |Kurang satu suku kata: Cêbolang lingira arum. gênti aku wurukana ||

17. Patrape dumadi èstri | kalawan kang dadi lanang | kapriye mungguh luwiye | mara sira kandhakêna | jathilan mèsêm lingnya | kula botên sagêd matur | bilih kêparêng sumangga ||

18. Tingkah solah dènlampahi | dados botên kaba-kaba | Cêbolang (ng)glêgês lingira | mring Nurwitri wus atampa | lawange tinêtêgan | Cêbolang nglocitèng kalbu | paran kang dadi panggalak ||

19. Jathil anulya minihi | rekadayaning sahuwat | Cêbolang Nurwitri (ng)glègès | e lah dalah ngudubilah | têka banjur (m)bêngkayang | lah kêpriye bacutipun | aku nurut saparentah ||

20. Anulya mapan ngawiti | rinampa-rampa ing kathah | sami tan kèndêl ngacomèl | kang dumadi kanikmatan | têkèng ngirabkên sahuwat | kalih sami manthuk-manthuk | marèngès hêm nyata enak ||

21. Jathilan ginanti-ganti | wus warata kinaliyan | kanikmatan dhewe-dhewe | sadaya matur sawantah | Cêbolang suka lingnya | gênti aku dadi thuyul | payo mara warahana ||

22. Punika namung satunggil | kang taksih wagêdsagêd. banggelan | sadaya wus sami peloh | nir daya ati wanita | datan rumaos priya | pun Sadilah namanipun | wus cakêt nulya tumandang ||

23. Mas Cêbolang kang rumiyin | wêdharing asmaragama | (n)jingklak angling digêgojog | dadi wadon lanang nikmat | luwih tunggal wanita | nulya Nurwitri kinêmbul | ing nalika katêrêsan ||

24. Barang kang lir kucing gandhik | suka sakèhing jathilan | kijab kabule wus pasèh | lawang korine binuka | sadaya pinupuran | pinidiyan imbanipun | cêlakan wida-rum jênar ||

25. Arum-arume mêpêki | waja putih tan cêmêngan | tatahan kinêcik kinclong | tangan têngên (ng)gêgêm kinang | kang kiwa kêkêpêtan | bakda Ngasar warok (m)brubul | sami murugi jathilan ||

--- 4 : 183 ---

26. Nalikanira udani | kalintang ing sukarêna | têtayungan jingklak-(n)jèngklèk | mêndhêg matur mring Cêbolang | bilih kaparêng mangkya | kula bêktane rumuhun | dibal paduka woting tyas ||

27. Mangke bakdaning Ngisa-i | wangsul mawi rak-arakan | wus binêkta sadayane | nahên ta bakdaning Ngisa | pandhapa wus mirantya | dhatênge kang para jadhug | warok ambêkta jathilan ||

28. Pinondhong miwah jinênggi | sarunên munggèng ing ngarsa | kang ngapit-apit obore | sawusing pêpak ngalêmpak | salumprèt angklung kêndhang | tarêbang kakêmong kêmpul | pinarnah nèng èmpèr wetan ||

29. Jathilan tharik nèng ngarsi | warog ngrompol ngêl-ungêlan | wus samêkta sadayane | kang mulat uyêl pipitan | sêpên ing rêrusuhan | mung suwara kumaruwuk | rare nangis cêcêngèran ||

30. Asung sasmita Ki Panti | tapuk Boyong Mas Cêbolang | anglurahi niyagane | Nurwitri kang among raras | jathilan kalihwêlas | sarêng manjing ngadêg gambuh | jêjêran pindha badhaya ||

31. Pacak lalagon ngèmpêri | ing praja cingak kang miyat | biyang iku kapanane | (ng)gonne sinau de têka | mundhak pacake padha | wuwuh prigêl luwês bêsus | kuciwane mung sapala ||

32. Kang anjogèt wingi sêpi | wong mrakati yèn lunga-a | têka nora pamit mring ngong | basane iki lir sêngkang | pangarak byur barleyan | ananging tanpa panunggul | sêmune kurang ujwala ||

33. Mas Cêbolang kang njêjêgi | niyaga ngêndhang wus minggah | kêplok sênggak bêbarêngan | salomprète laliriyan | angklung tan karopyakan | kakêmong sêmada sêru | kêmpul lir mêlunging gêmak ||

34. Jumêngglung têrbang mêlingi | kêndhang kakosèkan wijang | dhaup kalawan jogède | ronggèng (m)babar sampur kiprah | malêtêr pakalangan | rêmpêg tata lir prit ayun | manêba uningèng jalma ||

35. Cumlorot lir lintang ngalih | wiraga mawarna-warna | wus ginêndhing samaune | ana kang mintonkên waja | mathêt lambe kang ngandhap | wênèh sêmune gumuyu | ana èsême ècèran ||

--- 4 : 184 ---

36. Ana tajêm lindri lungit | wênèh ngincang-incang imba | galak ulat dlera-dlere | ri wusnya uli-uliyan | sêsêg ingkang irama | ngandhêlong anulya suwuk | mundur kêpête binabar ||

37. Watara napas wus aring | majêng jathilan sakawan | gantya-gantya gêndhing Bondhèt | pasindhèn gantya-gantya |Kurang satu suku kata: pasindhèn gantya-ginantya. sinêsêg gêndhing minggah | malêtêr catur lir kupu | yun ngisêp maduning sêkar ||

38. Kinêtog jogèding ringgit | ngandhêlong uli-uliyan | sêsêg sinuwuk gêndhinge | wus wangsul mring kaniyagan | waroke gupuh nyêrak | kringêt ingusapan kacu | liniling myang kinêbutan ||

39. Amajêng sakawan malih | (m)buka gêndhing Pacarcina | kang asindhèn gantos-gantos | gêndhing minggah ronggèng kiprah | mungsêr kêndhigêritan | (m)babar sampur warna catur | pindha langên ing angkasa ||

40. Ima kasorotan rawi | ing nalika arsa liyêp | sigrak tarampil solahe | sawuse uli-uliyan | suwuke lon-alonan | wus mundur waroke gupuh | ngliling-ngliling asung wedang ||

41. Masjêng sakawan mungkasi | dènnira agêgambyongan | wus ambuka gêndhing Genjong | kêmbangan jogèding Klana | sêkawan runtut rampak | suwarane turun-turun | kaote amung nyawilah ||

42. Manglarap pindha jêmparing | sêdhat-sêdhèt ulat galak | sumèh kêladuk èsême | tumut lêlagoning bêksa | karyèram kang umiyat | pangungune de wus gambuh | (ng)galiyêng lir ronggèng praja ||

43. Kedale pasindhèn salin | tumèmplêg dhaup lan laras | wilêt sêrênge tan dhompo | wus ngandhêlong kang irama | lir tirta kapawanan | sêsêgan anulya suwuk | mundur maring paniyagan ||

44. Waroke gupuh nyêlaki | karingêt kang marawayan | tinutulan saptangane | pupur bêlang tinambalan | wusing aring kang napas | amirantos Ayun-ayun | ringgit kang majêng sakawan ||

--- 4 : 185 ---

45. Ingkang sami angajoni | miwah kang anglarih wedang | sakawan ngarsa wingkinge | kang sami darbe jathilan | tan kenging ngajonana | larih kewala tan antuk | sawusing warata gantya ||

46. Kang sakawan majêng malih | miturut kadi ing ngarsa | wusing warata kang (n)jogèd | kèndêl sakawan pangarsa | tombok tanpa wilangan | uwang picis mung rinayuk | pikantuk tri sênik kêbak ||

47. Warok suka-suka ngênting | raharja tan kara-kara | gêndhing sasuka-sukane | Ban-iringan Kêbo-gidrah | Balewong Jagamarga | Lêmpang-jawa Êlung-gadhung | Pacarcina Gandhèng-asta ||

48. Jangkrik-genggong eling-eling | Loro-loro Paculgowang | Sêkargadhung Sontoloyo | Pêksi Kukuwung Calunthang | Ginonjing Babondhètan | Ladrangmanis Tunggujagung | Gambirsawit Dyah-udrasa ||

49. Pajar gidib wus waradin | tan kacuwan wus warata | Nursubadya lon dêlinge | ênggèr suwawi bubaran | (m)bungkuk Kemas Cêbolang | warok sinasmitan gupuh | amondhongi jêjathilan ||

50. Arta picis tigang sênik | pinasrahkên Nyai Wisma | sasampunira tinampèn | Cêbolang mring pamondhokan | asone sawatara | katungka ing wêktu Subuh | samya ngambil toya kadas ||

51. Wangsul wêktu nèng pandhapi | paragate ing panêmbah | Hyang Bagaspati mêncorong | Nyi Wisma asung sunggata | wedang myang nyênyamikan | lir sabên lingira rum |Kurang satu suku kata: lir sabên lingira arum. ênggèr Kemase Cêbolang ||

52. Barang atanapi picis | pun biyung sumanggèng karsa | Mas Cêbolang lon dêlinge | prayogi pinara tiga | saduman jêngandika | saduman dhumatêng wadu | jalêr èstri kang warata ||

53. Saduman dhumatêng mami | namung tumitip sampeyan | gampil masalah ing têmbe | Nyi Wisma mangayubagya | wus binage warata | siyange datan cinatur | andhangdhang bakdane Ngisa ||

--- 4 : 186 ---

297. Dhandhanggula

1. Sakathahe warok myang pra santri | samya dhatêng pondhoke Cêbolang | dahat kabyatan wirage | ing pangarsane asung | panarimah indhaking jathil | prigêling solahbawa | wiraga pinatut | nyumanggakkên wêka somah | miwah kadang sakarsa ywa walangati | lila donya ngakerat ||

2. Mas Cêbolang tanapi Nurwitri | tan kawawa kalèjêming sêja | tinanggapan sakosike | winatêg sikiripun | sangsayarda kang darbe kapti | lan sakèh mitraningwang | ing saèstunipun | ulun dahat sukarêna | pangajabku mung aywa dadi pradongdi | wawaton kasamban ||§ Prayoginipun / kasambadan /.

3. Prayogine mlêbêt kalih-kalih | lamun ratri iki tan kacêkap | tinutugkên sesuk sore | èstuning raganingsun | nèng Sêlaung pan maksih lami | kang sami amiyarsa | miturut sadarum | warok kakalih tumanggap | malbèng pondhok Cêbolang lawan Nurwitri | wiraga mawèh branta ||

4. Warok kalih tan daranèng kapti | ambêkayang Nurwitri Cêbolang | anulya dèn-jêngkingake | sasambat ngadhuh-adhuh | bok dènsarèh babo wong bênthing | dasihe tan suwala | sumanggèng sakayun | sarira sapa darbeya | sarpa krêsna mung sira kang dadi ati | tangèh cipta-a liya ||

5. Wus anjathok malèsèt kinêmpit | amêngthongolamêthongol. sangandhap saptangan | sangsaya sru pandêdêle | tatkalane ginalur | pamipite dipun kêndhoni | pinolah mêndat-mêndat | srêg pangraosipun | têmah lalu kanikmatan | gatining kang asmara badan marinding | datan kêna ingampah ||

6. Mancur kadi kêndhi kêbak warih | ingêthurkên kalihe èstrènan | samudana sasambate | sarwi anyiwêl pupu | adhuh mati thik ngene iki | bisa têmên si kakang | wèh tamba lara kung | ki warok tyas sru sumêngka | purusane kaduk mukok-mukok tajin | ngalumpruk tanpa daya ||

--- 4 : 187 ---

7. Tandya (ng)gêblag palarasan mijil | kang wus anèng sangajênging lawang | trangginas lumêbêt age | tan siwah lir rumuhun | cacangkoke praptèng katitih | wanci pajar gidiban | antuk wong rongpuluh | galare ambèn binênggang | pramilane ambène katon gumrining | mung longan lir ler-leran ||

8. Kang wus samya kasêmbadaning sih | anak bojo atanapi kadang | rinubakkên sakarsane | sarwi nyangking pisungsung | saanane adining wukir | yèn ana sinênêngan | sinangonan lulut | utawi sinungan basa | nyênyês arum manis angenaki ati | myang sinungan branarta ||

9. Siyang ratri giliran (n)dalidir | kawanguran têtangga parapat | guyub jumbuh pikajênge | trêsna sih mring Masipun | atanapi maring Nurwitri | kaliye kakêmatan | mung têrkadhang èstu | mila tan na antaranya | yèn laka-a mangsa ngukupa kang jisim | anjajah jinamahan ||

10. Wêkdal ajêg bae mring pandhapi | bakda wêktu wangsul mring pondhokan | kadhang jagong lan kyaine | (n)jawi pondhok supênuh | jalêr èstri sami ngêntosi | nuju bakdaning Ngisa | mung santri kang wangsul | Nurwitri miwah Cêbolang | mung Ki Wisma pinarak anèng pandhapi | Cêbolang lon lingira ||

11. Mring Ki Wisma tiyang tanah ngriki | amaratah bandhol kawarisan | tan wangwang marang patine | têguh timbul agêcul | tatag têtêg anglalanangi | paran ta marmanira | Ki Wisma lingnya rum | laila pajar pasaja | saking ulun jatose ingkang mijèni | mênggah krêdyating manah ||

12. Muhung kinarya-a jagi dhiri | rèhning asring kêkesahan têbah | supadi kêndêl manahe | nanging wusananipun | botên kadi ciptanirèki | kinarya sasongaran | gêgêmblungan gêndhung | kados kang sampun kawuryan | sisip sêmbiripun amlarati dhiri | konyoh upamenira ||

13. Mirid lamun angandêlkên yêkti | anglimputi marang kaèngêtan | rèhning ngagêsang tuhune | nèng donya sakaratul | tan bêbakal praptaning lalis | luhung angraosna |§ Kirang sawanda, prayoginipun / angraosêna /. carita linuhung | pathakepathak = penghormatan penyebutan kepala raja; topi kebesaran raja; (Jawa baru): berarti kepala (kasar), juga berrti melemparkan batu. Di dalam konteks ini, kata 'pathak' dipakai sebagai nama orang atau seorang yang mendapat tugas tertentu (spt. utusan).

--- 4 : 188 ---

narendra Ngêsam | duk puniku kêpanggih lawan (n)Jêng Nabi | Ngisa mangka Rohullah ||

14. Kang kasêbut ing kitab Mamahi | jinawèkkên sratan maksih Arab | ananging ulun yêktine | tan apil criyosipun | dhuh Kemase lamun nyarêngi | amaos lagu praja | Cêbolang panuju | kitab wus sinungkên marang | Mas Cêbolang tinampèn saksana wiwit | Sarkara-tururarya ||

15. Amiwiti amuja Hyang Widdhi | kang murah ing donya sih ngakerat | mugyantuk kang supangate | sarta lan bêrkahaipun |Lebih satu suku kata: sarta lan bêrkahipun. Kangjêng Nabi Muhammad tuwin | sagung para ambiya | mukmin musim§ Prayoginipun / muslim /. sagung | mugi sami atulunga | anuwunkên pangapuraning Hyang Widdhi | kabèh makluke Allah ||

16. Gya atangat bêbuka wawarti | mring sagunging nak putu sadaya | Nabi Ngisa Rohullahe | nalikanya lumaku | midêr-midêr jawi nagari | Ngêsam nênggih ing kuna | kèndêl ing dêlanggung | amanggih pathak wong kuna | Nabi Ngisa pathak arsa dèntakoni | ngunandikèng wardaya ||

17. Sirah pathak katingal wus putih | tanpa gêmbung gumlundhung nèng lêmah | Nabi Ngisa mandhêg age | amikir jroning kalbu | langkung wêlas Nabi ningali | samana andêdonga | Nabi Ngisa luhung | ing Allah kang maha mulya | mugi-mugi pathak kêna dèntakoni | saking wêlas tumingal ||

18. Pandongane Nabi ya Lillahi§ Prayoginipun / ya Ilahi /. | ya sayidi wa malaiika§ Prayoginipun / wa malaika /. | mangkana rapal jawane | he Allah Pangeranku | Gustiningsun panuwunmami | dhatêng kagungan Tuwan | amba wlas andulu | anênggih dhatêng pun pathak | dene botên kenging dipuntakèni |Kurang satu suku kata: dene botên kenging dipun pitakèni. amba nuwun ing Tuwan ||

19. Mugi-mugi Tuwan angidèni | yèn kawula takèni kang pathak | tan antara nora suwe | ana swara karungu | saking arah Nabi dumêling | mêngkene ingkang swara | hèh Nabi linuhung | lah sira ta takonana | marang pathak ingsun akon anauri | marang tatakonira ||

--- 4 : 189 ---

20. Kangjêng Nabi Ngisa tanya aris | marang pathak hèh pathak wong kuna | kang ilang kulit daginge | lah ta sira sumaur | kapan ingsun ingkang nakoni | kalawan kodrating Hyang | pathak gya sumaur | lawan ing lesan pasekat | ngucap klimah Lailaha Illalahi | wa Ngisa-u Rohulah ||

21. Inggih gusti Nabi kang linuwih | lah punapa kang tuwan danguwa | inggih kawula jawabe | anging Allah kang Agung | ingkang kinon amba nauri | ngandika Nabi Ngisa | pathak apa iku | sira pathak apa lanang | ingkang mau apa sira wong pawèstri | duk nalika nèng donya ||

22. Lawan ingsun tatakon ing nguni | apa pathake uwong cilaka | apa wong bêgja maune | apa sugih donyagung | nalikamu ya maksih urip | apa ta pêkir sira | duk urip kang mau | apa ta kandhangan ala | apa bêcik mèlu ewone wong sigit | apa ewon wong ala ||

23. Apa sira kandhanganing nginggil | apa èndhèk dêdêgmu ing kuna | lawan sun takon maune | wong loma yèn jinaluk | apa kumêd yèn dèn-jaluki | salir ingkang katêdha | pêkir miskin kumpul | karana pêkir malarat | sumaura pan ingsun arsa udani | nuli sira jarwa-a ||

24. Gya umatur pathak dhatêng Nabi | pan kawula gusti Nabi Ngisa | tuhu jalêr sêwaune | sanès èstri pukulun | lawan malih amba (n)Jêng Nabi | kandhangan tiyang bêgja | mênggah awakulun | sanès tiyang kang cilaka | awakamba ing suwau tiyang sugih | sanès tiyang kang nistha ||

25. Lawan amba golongan wong sigit | sanès tiyang awon warna amba | kang minangka unusane | lan malih amba luhur | sanès tiyang andhap ta Gusti | kalêbêt tiyang singgah | agêng-inggil ulun | lan sayêkti amba loma | dhatêng arta sanès tiyang kumêt Gusti | kalêbêt tiyang blaba ||

26. Sarta amba punika (n)Jêng Nabi | ing nalika taksih anèng donya | jumênêng ratu maune | nagri Ngêsam pukulun | ing nalika dados narpati | tan wontên ingkang ngrusak | ing karatonulun | lami ngadêg ratu Ngêsam | kula Gusti ngantos

--- 4 : 190 ---

kawanatus warsi | tan wontên kang nukarta ||

27. Lawan malih amba Gusti Nabi | duk jumênêng nata nagri Ngêsam | amba sangêt ing asihe | dhatêng pêkir sadarum | miwah miskin kula asihi | amba kang asung boga | pêkir miskin kumpul | lan malih Gusti kawula | duk jumênêng ratu ing Ngêsam ta Gusti | ing sabên-sabên dina ||

28. Asidhêkah kawula (n)Jêng Nabi | saarinya inggih sèwu dinar | pikantuk tiyang sèwune | dinar kalangkung sêpuh | êmas nigangdasa-kakalih | punika saarinya | amba damêl laku | kalawan lampahkawula | anyukani têdha tiyang kluwèn Gusti | sabên ari tan gothang ||

29. Inggih angsal tiyang sèwu Gusti | (ng)gènkawula anyukani boga | tiyang sèwu sadintêne | ngantos salaminipun | lawan amba Gusti rumiyin | kawula asung sandhang | sadintên tyang sèwu | tiyang kang sami kawudan | amba-sungi sandhangan pantês prayogi | sabên ari kawula ||

30. Nalikane kawula (n)Jêng Nabi | dados ratu ing nagari Ngêsam | kalangkung sênêng sukane | yèn cangkrama wana gung | dipun ayab sakèhing abdi | kathahipun kang wadya | tiyang kawanèwu | amangangge sarwa sutra | murub mubyar busanane wadyamami | kasmaran ingkang miyat ||

298. Asmaradana

1. Kawula umatur malih | ing Gusti (n)Jêng Nabi Ngisa | duk amba jumênêng katong | wontên ing nagari Ngêsam | dahat sukaning driya | pan amba sugih kalangkung | nuruti kajênging manah ||

2. Duk kawula mêdal jawi | kawula amêng-amêngan | dèniring wadyabalane | tiyang kang mawi makutha | pinatik nawarêtna | mutyara intên jumêrut | sasotya di myang pakaja ||

3. Mirah nulya intên bumi | mangkana pathak pralêbda | anglajêngakên ature | nanging kawula punika | dhuh Gusti Nabi Ngisa | sayêktine tiyang kupur | gagêtun kasèp ing mangsa ||

--- 4 : 191 ---

4. Nabi Ngisa ngandika ris | andangu pathak mangkana | ing mangsa pira lawase | olèhira mati ika | kapriye tingalira | nalikane anèng kubur | pakewuh apa kang têka ||

5. Lan apa maning kang kèksi | kang tinêmu dening sira | lah kapriye sayêktine | rupêking kubur punika | kalawan pancabaya | têkane malekatipun | patakone kaya ngapa ||

6. Umatur pathak ring Nabi | ya Nabi Ngisa Rohollah | Gusti andangu gatine | prakawis kasusahan |Kurang satu suku kata: de prakawis kasusahan. botên wagêd matura | pandamêl kang dahat agung | sami pinanggih sadaya ||

7. Sadangu kawula mati | amanggih siksa ngakerat | kawanatus tahun rêke | langkung pitungdasa warsa | lamine amba pêjah | siniksa wontên ing kubur | ngakerat langkung musakat ||

8. Ya Nabi Ngisa linuwih | amba umatur ring tuwan | rikala awit sakite | kawula manggèn panggonan | langse ingkang pinajang | kapetak-petak mulya gung | pinajang inguparêngga ||

9. Amba linggih ganti-ganti | dhatêng lêbêting pajangan | nuntên karaos sakite | amumêt sirahkawula | nênggih namung sasangat | anuntên kawula wangsul | alinggih dhatêng pandhapa ||

10. Sangsaya karaos sakit | tan bêtah anandhang lara | kawula tilêm kanthile | malah anangis kawula | langkung ing sakitamba | juru ladèn sami ngrungu | amba malah galasahan ||

11. Sakathahing para èsthi | myang sêlir para parêkan | sami ngupados dhukunne | wontên ingkang damêl tamba | pra dhukun dhatêng kesah | tamba pintên-pintên tumpuk | kang tumrap badankawula ||

12. Tan wontên kang mupangati | sakathahing dhukun tamba | bokinggih wontên sudane | sangsaya mêwahi lara | tan wontên mayarira | raos sangsaya kadudut | kawula pongah-pangihan ||

13. sarêng sakit sampun lami | gangsal ari watawisnya | tan bêtah nandhang sakite | sumaput panonkawula | untu pan ngantos oyag | gumêtêr jasad sadarum | kawula tan sagêd obah ||

14. Parêkan sêlir mijêti | wontên ingkang nganggang-anggang | anggosoki sukuningong | sangsaya wimbuh larane | tan wontên

--- 4 : 192 ---

kang mupangat | nuli kantaka katèngsun | parêkan sami karuna ||

15. Wong dalêm pating jalêrit | gègèr umung jroning pura | pating jalêrit tangise | santana kawula-warga | sami dhatêng sadaya | botên mupangat mring ulun | saya pêtêng kang paningal ||

16. Nuntên kawula ngêmasi | sakèh wong ing dalêm pura | lir wukir rêbah tangise | sawênèh pan gêgulungan | nèng siti niba-niba | ana nyuwèk sinjangipun | wênèh wontên (ng)gêblog jaja ||

17. Sawênèh anibèng siti | sawênèh angrontog rema | amba miyarsa tangise | tan wontên ingkang mupangat | sakèhe kang nalangsa | sadayanya abdiulun | sambate kadi gêrantang ||

18. Nuli malaekat prapti | astanya lajêng anyandhak | êrohkawula ginèndhèng | wus pisah kalawan jasad | sartane malekat |Kurang satu suku kata: sartane malaekat. ambêkta wadhah puniku | isinya inum-inuman ||

19. Sukunya malekat kalih | saking gung miwah apanjang | dhatêng bumi pitu ngisor | lan sirahe malekat |Kurang satu suku kata: lan sirahe malaekat. langkung gêng luhur dahat | sundhul ing langit kapitu | netranya lir pendah surya ||

20. Lan gênge suwiwi kalih | malekat ingkang prapta |Kurang satu suku kata: malaekat ingkang prapta. suwiwi kanan agênge | wiyaripun sami jagat | wontên sawarganira | kang kiwa suwiwinipun | ing lêbêt isi naraka ||

21. nênggih malekat kang prapti | awakipun warni papat | abrit cêmêng suwarnane | ana kuning ana pêthak | kawula langkung hebat | ajrih sangêt amba (n)dulu | de malekat langkung gêngnya ||

22. Kawula ajrih tan sipi | aningali mring malekat | nênêm cacahe sirahe | sasiki ing têngênira | sirahe malekat |Kurang satu suku kata: sirahe malaekat. sasiki ing têngênipun | sirahe kang malaekat ||

23. Sirah ingkang juga munggwing | ing ngajêng prênahing jaja | sajuga dalamakane | prênahe wau kang sirah | nênggih ingkang satunggal | sirah wontên jêngkunipun | satunggal gêgêr prênahnya ||

24. Nabi Ngisa ngandika ris | (n)dangu malih mring pun pathak | apa ta sira atakèn | maring malaekat ika | aturipun sang pathak | inggih amba takèn wau | sêmu ajrih amba pêksa ||

--- 4 : 193 ---

25. Dhuh malekat kadospundi | sirah paduka kang kanan | punapa ta ing damêle | sauripun malaekat | sirahingsun kang kanan | karya (n)jabêl roh sadarum | sakèhing wong miskin ika ||

26. Ingkang kiwa kadipundi | punapa damêle tuwan | sirah paduka kiwane | sumaur ris malaekat | sirahingsun kang kiwa | anjabêl sakèh roh iku | wong kang nèng makrig(?) sadaya ||

27. Pathak atêtakon malih | dhumatêng kang malekat |Kurang satu suku kata: dhumatêng kang malaekat. sirah paduka sikine | inggih kang wontên ing ngarsa | punapa damêlira | malaekat sauripun | sirahsun ngarsa punika ||

28. Kabutuh anjabêl maring | sagunging umat Muhkhamad | Nabi kang wêkasan dhèwè | dhuh Nabi Ngisa Rohollah | amba dèrèng uninga | wadana kalangkung bagus | tinimbang sakèh rainya ||

29. Kang (n)jabêl umat (n)Jêng Nabi | Muhkhamad bagus piyambak | tan wontên mèmpêr warnine | anuntên amba têtanya | nênggih ring malekat |Kurang satu suku kata: nênggih ring malaekat. sirah tuwan malihipun | kang wontên luhuring pada ||

30. Punapa damêle ugi | sauripipun malaekat |Lebih satu suku kata: sauripipun malekat. anjabêl êroh sakèhe | kang anèng langit kasapta | sagunging malaekat | puniku bubuhanipun | sakèh nyawaning malekat ||

31. Amba atêtanya malih | dhumatêng ing malaekat | sirah tuwan sawijine | kang wontên sor jêngkunira | sumaur malaekat | anjabêl sakèh roh iku | isining bumi kasapta ||

32. Sirah tuwan wontên gigir | gih kabubuhan punapa | malekat alon saure | iya iku kabubuhan | (n)jabêl sakèh roh kopar | ahli naraka sadarum | puniku kang kabubuhan ||

33. Nabi Ngisa ngandika ris | andangu dhatêng pun pathak | ingsun tanya satêmêne | lah kapriye tingalira | ing pati nêmu apa | mungguh sakèhing pakewuh | ing pati apa kang ana ||

34. Pathak matur maring Nabi | ya Nabi Ngisa Rohollah | paningalamba salinne | malaekat (n)jabêl nyawa | dadose tigang pantha | kang sapantha karyanipun | (m)baurêksa ing naraka ||

--- 4 : 194 ---

35. Anyêpêng gada ngajrihi | sapanthanya malaekat | (m)basêngut pinggir nrakane | satêngah kang malaekat | (n)dhodhok mêrêngut kewala |Lebih satu suku kata: (n)dhodhok mrêngut kewala. nèng têpining nrakanipun | pitung puluh malaekat ||

36. Rupinipun warni-warni | malaekat beda-beda | angajrihi sadayane | sakathahing malaekat | angunci lesanamba | tan wagêt amba calathu | binungkêm ing malaekat ||

37. Kalamun amba ing nguni | upami tan binungkêma | lesanamba sayêktine | nalika amba sakarat | saking sangêting lara | èstu mirêng sambatulun | ing langit kasapta pisan ||

38. Lawan malaekat malih | sadaya wau pra samya | anutupi netraningong | malekat malih ambanda | tangan kalih tan obah | malekat pitung puluh |Kurang satu suku kata: malaekat pitung puluh. anggèrèt dhatêng kawula ||

39. Kadi tiyang (ng)gèrèt anjing | sakathahe malaekat | amba ginalandhang bae | tinibakakên naraka | Nabi Ngisa ngandika | lah ta piye rasanipun | sira anèng ing naraka ||

40. Lah êndi ingkang ngèmpêri | apa padha gêni donya | sakala cinêmplungake | munggèng jêroning naraka | umatur pathak jalma | sarêng amba wus kacêmplung | mungkur malaekat samya ||

299. Pangkur

1. Dhuh Nabi Ngisa Roholah | tatkalane amba nèng ing yomani | sarêng kawula kacêmplung | ing naraka kawula | lajêng ical kulit daging lawan balung | amung kantun êroh amba | kawula ajêrit-jêrit ||

2. Anuli amba ingêntas | winangsulkên dhatêng naraka malih | roh amba dinêgêm asru | dhatêng ing malaekat | wangsul marang ngalamdonya awakulun | sampuning amba siniksa | wangsul maring donya malih ||

3. Nuli jasad ingêdusan | kinakapan lawan ing sinjang putih | anuntên amba pinikul | binêkta mring kuburan | wus

--- 4 : 195 ---

sinèlèhakên wau jroning kubur | nuli amba ingurugan | ing siti kantun gumlinting ||

4. Kang ngiring wus mantuk samya | apan amba kantun gumuling siti | antukipun amba wêruh | amba kantun piyambak | anèng kubur tanpa rowang gumaluntung | roh-amba winangsulêna | dhumatêng jasad ngong malih ||

5. Sigra prapta malaekat | pan kakalih malekat kang (n)dhatêngi | parêng amba nuli lungguh | sarta manis wacana | anulisa anak Adam dipun-gupuh | kang kadya panulisira | duk maksih anèng donyèki ||

6. Amalira tulisana | nalikane sira anggawe bêcik | ana ing donya kang tuhu | nuntên amba angucap | lah punapa kang amba damêl nunurun | kalam daluwang tan gadhah | punapa kadamêl mangsi ||

7. Malekat sarêng angucap | kalamira sira gawe dariji | mangsine iku idumu | kêrtase tanganira | dipun inggal manawa tumuli rawuh | malekat kang kaduk sura | manawa banjur (ng)gêbugi ||

8. Apa ta sira anangga | panggadane malekat kang (n)dhatêngi | ingkang aran Wanakirun | sunbatang datan kêlar | mila enggal anuruta dènagupuh | nalikane anèng donya | amalira ingkang bêcik ||

9. Dhuh Gusti (n)Jêng Nabi Ngisa | sarêng musna nênggih malekat kalih | tatkalane apitutur | dhatêng jasatkawula | nuntên prapta nênggih malaekat Kirun | netranira kadi surya | dêdêge sundhul wiyati ||

10. Langkung cêmêng mukanira | malaekat ingkang sami (n)dhatêngi | swaranya lir pendah gludhug | remanya jatha gimbal | netranira malorok andik kadulu | lambe kalih tibèng jaja | kang nginggil anggarut langit ||

11. Malekat kalih angucap | ingkang nama Kirun agya nakènni | satunggalnya Wanakirun | alinggih sandhing amba | pan kawula kinèn ngadêg Wanakirun | jangga-amba dipun candhak | nuli amba dèn-gêbugi ||

--- 4 : 196 ---

12. Kalawan gadane tosan | agêngipun gada sami lan rêdi | sarêng kawula pinukul | mring kalih malekat |Kurang satu suku kata: mring kalih malaekat. kanan kering asarêng pamukulipun | balung kulit daging amba | wus sirna awor lan siti ||

13. Patakènnya asru nyêntak | tingkahipun nênggih malekat kalih | hèh ta sapa Pangeranmu | makatên pangucapnya | sampun ical akalamba tan sumaur | saking jrih kawula dahat | milamba datan nauri ||

14. Badanamba dharodhogan | anggêtêri ngoplok datan nauri | anuli amba pinupuh | gadaning malaekat | sarta takèn tan liyan patakènipun | hèh hèh sapa Pangeranta | saryanggada gung tininggil ||

15. Amba datan sagêd jawab | botên pirsa Pangeran malih-malih | amung brahalamba wau | ingkang kawula sêmbah | sangsaya sru krodhaning malekat Kirun | tan kêndhat panggadanira | kering kanan anggêbugi ||

16. Anuntên amba inguntal | dhatêng bumi siti sarêng anjêrit | sarya bumi ngucap asru | mêlèhkên ing kawula | sira mangan rêjêkinira Hyang Agung | kang tuwuh sing gigiringwang | milane sira suncêpit ||

17. Sakathahing têtanêman | ingkang sami tuwuh ing gigirmami | sawêtune uwohipun | sira ingkang amangan | nora (n)jaluk brahalanta kayu watu | pagene sira tan nêmbah | Pangeran kang murbèng bumi ||

18. Sira pan satruning Allah | wêkasane samêngko sira mati | katêmu ing wêtêngingsun | lah mara ge budiya | ingsun cêpit lah (n)jaluka tulung watu | iku ingkang sirasêmbah | brahala mêngko nèng êndi ||

19. Saksana anuli prapta | malaekat wontên malih (n)dhatêngi | sakalangkung gêng aluhur | sarta ambêkta gada | malaekat kakalih duk praptanipun | tan wontên suwaranira | sru lajêng sami (ng)gêbugi ||

20. Nuli wontên undhang-undhang | ngisor Aras swara asru dumêling | kapyarsa anguwuh-uwuh | sèrèdên ing naraka | ya kang

--- 4 : 197 ---

sira gêbugi dimène ajur | balung daging kulitira | tantara cinandhak aglis ||

21. Malekat kalih tumandang | angrêrèwèng dhatêng kawula yêkti | sarêng prapta pinggiripun | naraka kantar-kantar | amba lajêng jinungkirakên rumuhun | gya cinêmplungkên naraka | balung daging marotholi ||

22. Asru ing panjêritingwang | ing karaos kadi kapirêng langit | langkung sangêt sakitipun | bêbalung kulit sirna | mung pinanggih raosing sakit kalangkung | sanajan jasat wus sirna | myang sinom-amba barindhil ||

300. Sinom

1. Kawula matur ing tuwan | Nabi Ngisa Rohulahi | duk amba wontên naraka | pintên-pintên warsa Gusti | lami manjing ing agni | inggih jroning gêni murub | saksana dipunêntas | dhatêng malekat kêkalih | nèng ngandhaping Aras unggyanipun ngêntas ||

2. Amba nèng ngandhaping Aras | kawula inggih ningali | ngandhaping Aras katingal | ing Kursi kalangkung adi | pinatik intên bumi | mirah abang wungu dadu | Kursi cahya sakawan | têngahing Aras satunggil | satunggilnya mungging sakiwaning Aras ||

3. Ing ngajêng Aras satunggal | ing wingking Aras satunggil | kursi wau langkung jêmbar | papaèse warni-warni | yèn tinon (m)balêrêngi | ting karêlip ting palancur | amba takèn malekat | sintên ingkang dèncaosi | linggih Kursi sakawan apelag-pelag ||

4. Sumaur kang malaekat | ingkang dèncaosi Kursi | papat ingkang endah-endah | kang sawiji Nabi Brahim | ingkang sijine nênggih | nabi kêkasih Hyang Agung | aran Nabi Muhkamad | wêkasanne para nabi | panutannya manungsa sangalamdonya ||

5. Apadene kang sajuga | ingkang sinaosan Kursi | Nabi Musa Kalamolah | putranya Ngemram linuwih | Kursi kalangkung èdi | papaèse abra murub | pinatik nawarêtna | gêbyar-gêbyar (m)balêrêngi | jangkêpipun Kursi sakawan punika ||

--- 4 : 198 ---

6. Kawula tanya kang gadhah | dhatêng malaekat Gusti | jangkêpe Kursi sakawan | tiga wus wontên (ng)gadhahi | sêkawanipun inggih | punika gih taksih suwung | dèrèng wontên kang gadhah | amba nuntên tanya malih | malaekat punika sintên darbeya ||

7. Jangkêpe kursi sakawan | lah ta sintên darbe kursi | sauripun malaekat | iku ingkang dènsaosi | Nabi Ngisa ing benjing | punika saosanipun | jangkêp Kursi sakawan | sampun wontên kang darbèni | tan antawis kawula malih binêkta ||

8. Sinèrèt ing malaekat | cinêmplung naraka malih | binêkta ring malaekat | arsa ring naraka malih | juru naraka Jakhim | kawula binêkta ambyur | malekat Jabaniyah | amba Gusti sru nyakari | rai amba kwula cakari priyangga ||

9. Lan amba awas tumingal | jroning naraka kaèksi | wontên tyang sêpuh satunggal | wontên jro naraka linggih | (m)basêngut netra andik | kukus mêdal irungipun | kinêpung malaekat | Jabaniyah kanan kering | gulunipun dhinadhung ing malaekat ||

10. Ing rante wêsi apanjang | tiyang sêpuh dèntakèni | jinirêt ing malaekat | kanan kering aningsêti | ing gulu rante wêsi | netranya andik (m)basêngut | sru ngucap malaekat | lah payo budiya aglis | tan antara cinêmplungakên naraka ||

11. Sinabêtakên jro nraka | kang rante wêsi ningsêti | ing gulunipun manungsa | ing kering kanan ningsêti | pitung èwu asteki | rante wêsi panjangipun | kang kocap Daliling nas | saumal yakin saluki | iya iku dosane ing wong duraka ||

12. Nora ngimanake Allah | mangeran ing liyanèki | lah punika siksanira | ginèndèng gulunya iring | malekat kang nyêkêli | kanan kering (m)batêk asru | sinabêtkên jro naraka | kulit daging marotholi | sasampuning ilang kulit dagingira ||

13. Apan nuli binêbêdan | tiyang sêpuh wau ugi | kang ilang kulit dagingnya | sinalinan sakèh kulit | pitung dasa kèhnèki | sasampuning kulitipun | ing jro bêbêt punika | kêbêg sagung sawêr mandi | lan kalabang kalajêngking kêbêg gimbal ||

14. Saupama ngidènana | Allah ingkang Maha Sukci | yèn sawêr wau nguntalla | masthi wus nguntal babar ji | ing sawêr (m)blêbêt

--- 4 : 199 ---

(n)dhêlik | têmahan nyokoti asru | kalajêngking klabang |Kurang satu suku kata: kalajêngking kalabang. ugi sami anyokoti | sêsambate jêrat-jêrit sabên dina ||

15. Inggih Gusti Nabi Ngisa | amba sumêrap pribadi | tiyang kang wontên naraka | warna-warna siksanèki | wontên sawêr gêng nênggih | amblêbêt awak sakojur | tansah pinulêt ngula | sarta lambe cinakoti | myang malekat tan kêndhat (ng)gadani sirah ||

16. Sarta amêlèhkên ika | malaekat sadayèki | ring malekat sami (ng)gada | jaluka tulung sirèki | kang sira sêmbah nguni | nalika nèng donya iku | kayu watu kang ko(k)sêmbah |Lebih satu suku kata: kaywatu kang ko(k)sêmbah. ing saiki ana ngêndi | lah jaluka salamêt kang sira sêmbah ||

17. Malaekat sigra nyandhak | ing rante wêsi tinarik | rante pitungpuluh hasta | kang anjirêt gulu iring | sinabêtakên aglis | jinungkirkên rainipun | kulit daging malêsat | malaekat ngucap wêngis | lah ta iki walêse wong kang duraka ||

18. Yata wau Nabi Ngisa | miyarsa aturirèki | pathak ratu Sam ing kuna | nalika wontên yumani | sakala Kangjêng Nabi | Ngisa nuli nangis asru | kagagas miyarsa turnya |Lebih satu suku kata: kagagas myarsa turnya. pathak agya matur aris | Allah Gusti§ Prayoginipun / a lah gusti /. sampun paduka karuna ||

19. Dèrèng têlas aturamba | adhuh Gusti Kangjêng Nabi | tingkahipun tyang duraka | kang wontên naraka Gusti | ambyarsaambarsa < amba + arsa. matur malih | kagyat Nabi Ngisa ngrungu | ature punang pathak | kèndêl tangise (n)Jêng Nabi | lir maskentir ature lamun kapyarsa ||

301. Maskumambang

1. Aturipun risang pathak angênèni | dhuh Gusti Rohulah | ing pamirsa-amba malih | warna-warnining naraka ||

2. Pitung pangkat pyambak-pyambak siksanèki | inggih tundha sapta | pangkatipun ngandhap nginggil | sapangkatnya lêlampahan ||

--- 4 : 200 ---

3. Sangangatus warsa ngandhap lawan nginggil | pangkat kang kapisan | naraka-jahanam Nabi | pangkat kalih namanira ||

4. Nraka-salkar tri nraka-kusamah nami | pangkat ping sakawan | nraka-sangir namanèki | pangkat gangsal nraka-satar ||

5. Pangkat ping nêm nraka-jakim namanèki | pangkat kaping sapta | nraka-awiyah mungkasi | naraka-jakim punika ||

6. Ingkang dipun acaosi mring jakim Gusti |Lebih satu suku kata: Ingkang dipun caosi mring jakim Gusti. sang Pirngon ing kuna | lan sawadya balanèki | dene ta naraka-satar ||

7. Saosane sadaya titiyang kapir | manggon nraka-satar | wondening naraka sangir | eblis ingkang cinawisan ||

8. Sawadyane (ng)gènnira ngirup-ngirupi | sakèhing manungsa | kaajak manjing mring sangir | jalma kang manut ing setan ||

9. Mila eblis sru (ng)gêgodha maring jalmi | ingajak ginonjak | umanjing maring yomani | kinarya dhasar nèng ngandhap ||

10. De pyambake punika wontên ing nginggil | jalma ingkang samya | korup panggodhaning eblis | manggon ing ngandhap priyangga ||

11. Pramilane ing ngagêsang dipuneling | dènyitna waspada | ywa ngantos pêpeka malih | sêmbrana sayêkti tiwas ||

12. Sampun ngantos supe ingkang Maha Sukci | dhuh Gusti (n)Jêng Ngisa | amba matur tuwan malih | mênggah kusamah naraka ||

13. Panggenanne sakèhing kapir Yahudi | sawadyabalanya | kusamah saosannèki | dene ta naraka lalta ||§ Prayoginipun / satar / kados kasbut pada 4 lan 6 pupuh punika.

14. Panggenanne inggih kapir nasarani | latu mulat-mulat | mangkya nraka jahanammi | saosan kang darbe benjang ||

15. Umatipun (n)Jêng Nabi Rasululahi | inggih Nabi-duta | Muhammad ingkang sinêlir | umat kang sami duraka ||

16. Ing Pangeran tan manut sarengat Nabi | jahanam unggyannya | dhuh Gusti Ngisa (n)Jêng Nabi | duk amba niyat naraka ||

--- 4 : 201 ---

17. Warni sapta kados kang katur ing Gusti | (n)Jêng Nabi ngandika | pathak pitutura malih | kang anèng yomani-nraka ||

18. Kathah warninira kang siniksa Gusti | mandah uwas mulat | kanthanya saèstu nangis | de kang sami nèng naraka ||

19. Sawarnining dêdosa nèng nraka sami | nangis ngaru-ara | sabên nraka (m)bilaèni | tan saos ing pinggir têngah ||

20. Pinggiripun têmbaga abrit kinardi | pindha wangwa muncar | amurub kagiri-giri | ulate kanang têmbaga ||

21. Ing lêbêt katimah ajur kang kinardi | minangka wedangnya | mêmblêg-mêmblêg umobnèki | pindha galudhug swaranya ||

22. Pêtêng dhêdhêt pindha bêgowong Hyang Rawi | bênduning Pangeran | kanan kering andhatêngi | ing wingking ngajêngan duka ||

23. Tan antara sawêr agêng andhatêngi | kalangkung gêngira | panjanging sawêr (n)Jêng Nabi | lampahan saptèwu warsa ||

24. Netra pindha Hyang Rawi kêmbar ngèbêki | galak naut ngakak | panêmbur sakêthi riris | upasnya ingkang dhumawah ||

25. Ing manungsa mung satètès tanpa dadi | luluh nir kukuban | nênggih wontên jalma siki | dipun siksa nèng naraka ||

26. Winor lawan timah ajur munggèng pêthi | jro pêthi dahana | jêmbaring pêthi watawis | sèwu pandêlêng têbihnya ||

27. Tan antara manungsa kang kinèn manjing | jro pêthi dahana | dene kawula (n)Jêng Nabi | siniksa ing malaekat ||

28. Tinunggilkên ing setan salaminèki | dumèh setan ingkang | ambêbedhung amiwiti | tinuntun maring maksiyat ||

29. Ing nalika ing donya ulun umiring | panggodhaning setan | pramila siksamba Gusti | tinunggilkên setan lanat ||

30. Sawêr agêng tansah mulêt anyokoti | rêbatrêbut. dhucung lawan | kalabang myang kalajêngking | angrèp ngêntupi kawula ||

31. Jêlèh-jêlèh tan kêlar nandhang ing sakit | myang sruning agila | (n)Jêng Nabi Ngisa tanya ris | maring pathaking narendra ||

--- 4 : 202 ---

32. Nèng naraka pirang tahun laminèki | Gusti lami amba | nèng jroning naraka api | pitung dasa catur warsa ||

33. Sadangune ulun nèng nraka-yomani | nandhang siksaning Hyang | mangka sadintên ing akir | sèwu dintên ngalamdonya ||

34. Sèwu ari ing akir donya saari | ulun kagawokan | samantên laminirèki | (ng)gènulun anandhang siksa ||

35. Nahên Kangjêng Nabi Ngisa duk miyarsi | ature kang pathak | (n)jêthung sêmu waspa mijil | marawayan pangarasan ||

36. Sru kagagas ature pathak ngênani | tyas Nabi karantan | pathak nulya matur malih | dhuh Gusti Nabi Roholah ||

37. Ulun anèng nraka sasambat (n)dêrwili | midhangêt suwara | saking arah amêlingi | kang swara dumêling endah ||

38. Datan kenging upamèkkên saminèki | ujaring kang swara | malekat wangsulna malih | êrohe pathak narendra ||

302. Mêgatruh

1. Sru kayungyun pathak amiyarsa tutur | ing swara lamat dumêling | mangkono pamyarsanipun | sira pathak nèng yamani | ujare swara katongton ||

2. Kèh malekat pakênira dènagupuh | rohing pathak nèng yomani | wangsulna mring pathakipun | kang anèng têpining margi | kang wus nir daging mandholos ||

3. Krana iku wong loma lila arta gung | sarta kèh sidhêkahnèki | mring wong pêkir miskin amung | sanadyan ta iku kapir | nêmbah mring brahala yêktos ||

4. Nanging akèh kabêcikanirèng dangu | sidhêkahe sabên ari | pêkir miskin sadayèku | sinung sandhang pangan mintir | sadinane sèwu uwong ||

5. Lawan agung urmatira mring têtamu | sadina-dina kang prapti | parentahing wadyanipun | sakèhing tamu ywa kongsi | kurang sêgahing sang katong ||

--- 4 : 203 ---

6. Lawan lila asidhêkah dinar sèwu | tanpa kêndhat sabên ari | antuk wong sèwu kang sinung | salawase madêg aji | mangkono ingkang lalakon ||

7. Mung cacade sri Ngêsam iku wong kupur | nèng donya nora marsudi | agama Islam linuhung | sigêg swara kang dumêling | kang kapirêng pathak katong ||

8. Kocap Kangjêng Nabi ing sadangunipun | myarsakkên aturirèki | pathak duk mirêng swarèku | tamate aturirèki | (n)Jêng Nabi malih tanya lon ||

9. Hèh ta pathak ingsun tanya mring sirèku | kaume sapa ing nguni | pathak matur kaum-ulun | ing Gusti Ilyas (n)Jêng Nabi | hèh pathak duk madêg katong ||

10. Anèng Ngêsam amêngku nagara agung | lawan sawadyanirèki | apa sasêmbahanmu |Kurang satu suku kata: apa ta sasêmbahanmu. kang sira-pangeran yêkti | pathak matur manis alon ||

11. Ingkang ulun sêmbah ing salaminipun | lan sawadyabala mami | sapi gung pelag kalangkung | Nabi Ngisa dangu malih | maring pathak lingira lon ||

12. Sapi ulês apa kang sinêmbah iku | sri pathak turira aris | Gusti ulêsipun lêmbu | kang amba anggêp Hyang Widdhi | lir mutyara abrit nyarong ||

13. Sungunipun inggih mutyara linuhung | taracak mutyara adi | gêbyar-gêbyar yèn dinulu | gulunipun lêmbu Gusti | ulunpatik rêtna kaot ||

14. Intên bumi hèrwarih miwah hèrlaut | sinawang muncar nêlahi | lir sagêd molah kang lêmbu | mênggah sirahipun sapi | akik jênar mubyar nyarong ||

15. Netra kalih kumala sirah linangkung | sajêbug agêngirèki | malerok andik dinulu | mangsuli sungunya sami | narancang pinulas kaot ||

16. wontên abrit pêthak jênar asri mungguh | mas slaka suwasa adi | kang kinarya suku lêmbu | dêdêg purusa gêng inggil | sasampuning lêmbu dados ||

--- 4 : 204 ---

17. Amba sawang-sawang warninira bagus | endah adining kang sapi | patikbra nglocitèng kalbu | cacate sêmbahanmami | têka tan bisa calathon ||

18. Yèn bisa-a ngucap lir gêsang puniku | ingsun-pangeran sayêkti | tan antara setan kathung | manjing jro garbaning sapi | nywara mêdal lesan alon ||

19. Pangucapnya êngah-êngah glêndêm arum | sarêng lêmbu sagêd angling | amba myang sawadyaulun | manêmbah sujud ing sapi | mangeran ing lair batos ||

20. Nabi Ngisa pangandikanira arum | hèh ta pathak saupami | ingsun nunuwun Hyang Agung | lamun kaparêng ing Widdhi | kabul ing pandonganingong ||

21. Ingsun nyuwun umurmu bisane wangsul | urip bali mring donyèki | apa sira isih kupur | nêmbah mring brahala maning | sapi ko(k)èstha Hyang Manon ||

22. Pathak ratu tanggap manis aturipun | dhuh Gusti (n)Jêng Roholahi | amba kapok tobat èstu | pami wangsul donya malih | botên pisan amba kupor ||

23. Nabi Ngisa pangandikanipun arum | hèh ta pathak mung ywa kibir | mêsthèkkên durung kinaruh | manawa na sihing Widdhi | Allah kang murah sih yêktos ||

24. Ingsun wêlas tumingal marang sirèku | (n)gonnira uwis ngalami | kacêmplung ing naraka gung | pirang nraka kok lakoni | siksa kuwasèng Hyang Manon ||

25. Lamun ana papasihane Allahu | sira bisa urip lami | apa manuta maring sun | nurut ing parentahmami | apa bali kupur kothor ||

26. Pathak ngasih-asih manis aturipun | dhuh Gusti tobat wakmami | sok-ugi gêsang katèngsun | miturut ing rèh (n)Jêng Nabi | angèstokkên lair batos ||

27. Nabi Ngisa sih wêlasira lumuntur | pangandikanira aris | sanadyan sira wong kupur | nêmbah mring brahala sapi | nanging kèh amalmu yêktos ||

28. Asidhêkah kalawan eklasing kalbu | lah paran karêpirèki | lan

--- 4 : 205 ---

tekatmu kang saèstu | ingsun arsa amiyarsi | awit sirèku wis wêroh ||

29. Ing sakèhe naraka kaananipun | pathak aturira aris | dhuh dhuh (n)Jêng Nabi linuhung | amba nunuwun ing Gusti | sih marma awlas maring ngong ||

30. Aparinga pitulung mring jasatulun | sinuwunakên ing Widdhi | sagêd gêsang malih ulun | lantaran saking (n)Jêng Nabi | amba nut agami kaot ||

31. Angibadah ing Allah kang Maha Luhur | sok ugiya gêsang malih | wangsul mring ngalam donyèku | sêdya muhung bêkti Widdhi | amba sampun tobat kapok ||

32. Siniksa ring malaekat langkung kawus | èstu miturut (n)Jêng Nabi | myang mantêp eklasing kalbu | nadyan kinon anglampahi | ngibadah bêkti Hyang Manon ||

33. Anglangkungi sakèhe makluk sadarum | umatipun Kangjêng Nabi | tuwin Nabi sadayèku | tan kadi umatirèki | (n)Jêng Nabi Rasul kinaot ||

34. Nabi Ngisa mèsêm angandika arum | ing samêngko durung lair | Nabi Muhkamad linuhung | (m)benjing ing sapungkur mami | jumênêng nabi wus pantog ||

35. Kakasihe Hyang jangkêp nêm sarengatun | sanadyan jiwèngong iki | bangêt (ng)gonningsun kayungyun | dadya umat kang sinêlir | Nabi kêkasih kinaot ||

36. Pathak matur kintên-kintên lairipun | Mukhamad benjing punapi | Nabi Ngisa wacana rum | mung Allah kang ngudanèni | pathak matur malih alon ||

37. Adhuh Kangjêng Nabi Ngisa Rohulahu | sru sangêt panuwunmami | tumuntêning angga-ulun | gêsang anèng donya malih | (m)bok bilih sêlak binopong ||

38. Ing malekat binêkta mring naraka pyu | sumangga Gusti dènaglis | sadangune amba matur | manah manggung kêtir-kêtir | pamucunge kang katongton ||

--- 4 : 206 ---

303. PocungTeks asli: Pucung.

1. Nabi Ngisa sru wêlas duk myarsa atur | pathak langkung tobat | rubêt pakewuh ing pati | sinangsaya kinêlêm anèng naraka ||

2. Wusing matur pundirangan mili kang luh | Gusti èstu tobat | tan nêmbah brahala malih | sru kaduwung ngêmungna kang wus kalakyan ||

3. Amba sêngguh tiyang anglampahi kupur | manggih karaharjan | wasana kaananèki | duk nèng kubur kewala wus manggih siksa ||

4. Nèng akerat ginada malekat ulun | angga anggalêpang | sinuwir jinuwing-juwing | tanpa mêndha raintên dalu siniksa ||

5. Dhuh dhuh adhuh Gusti Nabi Roh Allohu | amba asru dahat | nyuwun lumunturing kang sih | ginêsangna wangsul maring ngalam donya ||

6. Prasêtyamba yèn wus gêsang lir duk wau | dêmi Allah Akbar | sadhawuh-dalêm (n)Jêng Nabi | anglampahi raintên dalu ngibadah ||

7. Amumuji ngluhurkên Asma Hyang Agung | janji amba gêsang | nèng donya praptaning lalis | datan nêdya nalisir agami mulya ||

8. Kangjêng Nabi lumunturing wêlasipun | mring pathak narendra | tandya ngambil toyastuti | salat kalih rêkangat sawusnya salam ||

9. Nulya sujud andodonga Hyang Mahagung | ya Ilahi amba | sayidi ya wa lai |Kurang satu suku kata: sayidina ya wa lai. ya marid ya samat kang rapal maknanya ||

10. e Pangeran Kang Agung amba nunuwun | Tuwan anggêsangna | pathak gumluntung kaswasih | kang mandhilis sirna kulit dagingira ||

11. Myang sagêda wangsul malih mring donyèku | sru kapengin iman | tan antara Nabi myarsi | swara nguwuh saking Arah prênahira ||

12. Sabda gaib dumêling pamyarsanipun | e Nabi minulya | Ngisa èstu Roholahi | nuli konên ngadêg si pathak dènenggal ||

--- 4 : 207 ---

13. Ingsun ingkang dhawuh ngidèni karsamu | ing panuwunira | ingsun tartamtu (n)jurungi | panyuwune si pathak anyuwun gêsang ||

14. Awit akèh sidêkahe duk ing dangu | asih ing sasama | pêkir miskin anak yatin | lilèng donya tan rumangsa darbènana ||

15. Darma gadhuh kasèrènan barana gung | nora ngrasa gadhah | kabèh kagungane Widdhi | Nabi Ngisa tatela pamyarsanira ||

16. Ri saksana Nabi Ngisa Roholahu | mijil Siti Maryam | pathak dènadhêp liniling | sarwi nguwuh-uwuh mring pathak narendra ||

17. eling-eling pathak kang ilang kulitmu | myang dagingmu sirna | gya ngadêga awit saking | kuwasanne Allah kang karsa pribadya ||

18. Lah tangiya pathak tan antara dangu | gêsang paripurna | warna bagus kadi nguni | gurawalan sujud anungkêmi pada ||

19. Sarta ngucap kalimat Sahadat luhung | karuna mlasarsa | prasêtya mawanti-wanti | amba Gusti dêmi (m)botên pisan-pisan ||

20. Nyakuthokkên Pangeran Kang Maha Luhur | kawus wus kawawas | yèn kadosa nguni-nguni | tinikêlna siksa kubur ing akerat ||

21. Nabi Ngisa mèsêm angandika arum | papacuh manira | ywa pisan-pisan sirèki | adarbeya panyana lamun manira ||

22. Bisa nguripakên uwong kang wus lampus | satuhu mung darma | atas karsane Hyang Widdhi | anguripkên ing sakathahnya kang pêjah ||

23. Amatèni makhkluk kang urip sadarum | nanging wêkasingwang | ywa pêpeka dènaeling | ing wêkasan sira wus ngicipi siksa ||

24. Ywa katungkul kang bênêr tekadirèku | nêtêpi ywa pisan | nyakuthokkên ing Hyang Widdhi | pathak nêmbah-nêmbah umatur sandika ||

25. Nuwun Gusti (n)Jêng Nabi panutanulun | nadyan nir pacuhan | amba datan supe yêkti | miris maras katongton urubing nraka ||

--- 4 : 208 ---

26. Ngalad-dalatNgalat-alat. nyalat sangêt bêntèripun | miwah malaekat | pating barêkis ngajrihi | pinipit ing bumi kasapta sarosa ||

27. Ulun matur Gusti ing sayêktosipun | swarga myang naraka | taraju uwot mustakim | patakènning malekat duk nèng kuburan ||

28. Miwah dipun gada Karun wa Nakirun | sadayèku êkak | mila amba ing samangkin | sakalangkung nalangsa pasihing Suksma ||

29. Nabi Ngisa atusing miyarsa atur | aris angandika | lah wis kariya basuki | ingsun ayun nutugakên lakuningwang ||

30. Pathak ngraup pada anungkêmi suku | karuna mlasarsa | amba tumuntur ing Gusti | ing saparan pêjah-gêsang aywa pisah ||

31. Kangjêng Nabi pangandikanira arum | bangêt panrimèngwang | nanging tan susah tutwuri | tandya musna sri pathak kantun anggana ||

32. Nêngna kang wus musna kalaratullahu | sri Ngêsam winarna | mentar jujur turut wukir | asingidan pèrèng parang tan kaetang ||

33. Kang karasèng kalbu mung Allah Ngalimun | datan ana liyan | kal donya kabèh siningkir | asru mathêm sumungkêm kang sipat rahman ||

34. Pathak prabu pratistha ing jurang sirung | sasêlaning arga | singup rumpil singit wingit | langkung wirang pinanggih samining jalma ||

35. Atmajendra myang wayah tan pinaèlu | wadyaji wandawa | sadaya tan praptèng ati | kang kaèsthi trusing tyas mung pamêjangnya ||

36. Kangjêng Nabi Ngisa kawimbuhan kawus | duk kataman siksa | giris malekat kalaning | (n)jirêt gulu katongton awela-wela ||

37. Umobing kang timah anèng gêni murub | puniku kawangwang | pramila pathak samangkin | rintên dalu datansah salat sêmbahyang ||

38. Datan pêgat ngluhurkên Asma Hyang Agung | asujud sadina | sadina sujud salat-i | lan arukuk saari rukuk kewala ||

--- 4 : 209 ---

39. Gya asujud ihtidal sadina muput | kalamun wus bakda | tandya awit salat maning | pan mangkana lakune sadina-dina ||

40. Pan cinatur anèng donya gêsangipun | wolungatus warsa | tan pêgat dènnya ngabêkti | dhikir suhul nir towong sakêdhèp netra ||

41. Bukti nendra mung kinarya saranèku | wus kasêngsêm salat | jangkêpe astha-tus warsi | nandhang roga tumêkèng ing wapatira ||

42. Gumaluntung kawangwang panggenanipun | nèng sawarga mulya | kêkêl nora owah gingsir | rapalipun ing têmbung Arab winarna ||

43. Pan walluhu yasngahu wa ngayasau | wa yakkumu lawan | sahuri têgêsirèki | Allah ingkang akarya isining jagad ||

44. Ing sakarsa pribadi nora sakuthu | barang kang kinarsan | wisesa Hyang Maha Sukci | titi tamat carita pathak narendra ||

45. Srat tinutup ki wisma wacana arum | saèstu sakeca | sêkar lalagon praja-di | sarêng wilêt botên ngowahkên sarasa ||

46. Kadi paran ing mangke raosing kalbu | kang sampun kawêdhar | wontên ing kitab Tamai§ Ing kaca 188, pupuh 297 pada 14 kasêbut / kitab Mamahi /. | lah punika muhung kinarya piridan ||

47. Mas Cêbolang tumungkul karasèng kalbu | alon aturira | ulun sumanggèng kiyai | saparentah dasihe datan lênggana ||

48. Kyai manthuk makatên kawula bagus | jêngandika mentar | mar mring sukuning ardi Wilis |Lebih satu suku kata: mring sukuning ardi Wilis. ing Majênang asramèng Êsèh Matyasta ||

49. Duk ing dangu ulun lami wontên ngriku | Ki Sèh langkung paham | sakridhane kang dumadi | tan asamar ingkang badhe linampahan ||

50. Têmbe lamun sagêd pinanggih Sèh luhung | bagus ywa pêpeka | satuduh kêdah nglampahi | èstu lamun manggih maduning agêsang ||

--- 4 : 210 ---

304. Dhandhanggula

1. Mas Cêbolang duk miyarsa warti | -ning Sèh Adi asramèng Majênang | lênglêng kataman wirage | nir cipta thuyul jêruk | kang kaèsthi muhung Sèh Adi | alon ing aturira | dhuh sang pinisêpuh | mugi ywa kirang aksama | benjing-enjing sabakdanira Subêki | ulun myang catur rencang ||

2. Laju maring Majênang ngulari | Sèh Matyasta ingkang wus kacêtha | Nur Subadya lon dêlinge | puniku langkung dhaup | botên saking tan rênèng ati | kanggenan kaampiran | paduka nak bagus | tulusa kang tyas sutrêsna | nanging botên sagêd sung timbanganing sih | wontên namung pitêdah ||

3. Nyai wisma mêdal saking panti | angladoskên sêkul parasulan | samêkta sararangkene | Subadya lingira rum | kabênêran sira pribadi | baliya marang wisma | ing saananipun | arta tanapi kang sinjang | lawan barang olèhe anggonne ngibing | anakmu Mas Cêbolang ||

4. Sesuk-esuk bakdane Subêki | arsa laju nutugake sêdya | sun tuduh amêrlokake | kampir Majênang iku | kapanggiyakapanggiha. lan Sèh Matyasta | Nyi wisma lon lingira | kula (ng)gèr jumurung | pitêdahe ramandika | ewadene bilih kaparêng nèng ngriki | pun êmbok suka bingah ||

5. Rèhning Kyai botên asisiwi | lamun ramandika têkèng lena | nak bagus dados gêntose | mêngkoni nèng Salaung | Mas Cêbolang lingira aris | dhuh bibi pasihanta | saklangkung anuhun | botên wontên pakèwêtnya | nanging mangke kula kêdah anglampahi | pitêdahe rakanta ||

6. Inggih anggèr kula anjurungi | botên langkung ing pamuji kula | dinugèkna sakarsane | rinêksa ing Hyang Agung | ingapura sadosanèki | tinêbihna ing bahya | pandamêl kang luput | muhung èngêt kanthinira | Mas Cêbolang tumungkul nuwun turnèki | nyi wisma malih nabda ||

--- 4 : 211 ---

7. Sarta miwah barang sasamining | kang tumitip nèng ulun punika | kabêkta-a sadayane | Cêbolang mèsêm matur | kathah-kathah kangge punapi | tiwas adadya bêktan | ulun mêndhêt namung | sacêkapipun kewala | sakantune kula aturakên nyai | sumangga ing sakarsa ||

8. Nurwitri ngling prayogi lumaris | pajar gidib supadya ywa wikan | warogwarok. jathil myang sanèse | Ki Subadya panuju | gya Nurwitri mring pondhoknèki | Saloka Kartipala | Palakarti sampun | samêkta alon-alonan | mring pandhapa datan ana kang udani | wus nunggil Mas Cêbolang ||

9. Rasulan gya dinongan Basuki | paragate donga sarêng nadhah | dumugi cinarikake | pajar gidib awallu | Mas Cêbolang sarencangnèki | sami asasalaman | miwah rencang catur | dyan winêling marganira | ngalor ngetan tandya bidhal sadayèki | manapak patalunan ||

10. Êmprit gantil munya kawlasasih | pindhanira nyandhêt kang lêlana | kolik tuhu nêmênake | bêluk acêluk-cêluk | maring rowang kacêr srigunting | sikatan cocak thilang | jalakurèn pênyu | kalamun bisa-a ngucap | payo kanca ngurmati swara kang nyaring | supaya kang umentar ||

11. Inggaring tyas kang samya lumaris | kang sinung ling rahab samya munya | sata anggantêr kluruke | garèng ngèrèng animbrung | kinjêng tangis ngiyêng ngayêngi | lir koncatan katrêsnan | mêrak munya ngungkung | bidho darès alap-alap | sandhanglawe jakawuru bèthèt slindhit | blêgdupuk grindan êngkak ||

12. Ambiyantu munya cêrik-cêrik | êngkuk kutut dêrkuku sêpahan | dupi myarsa manggung age | suwara rêbut bêsus | lantas antar cêtha dumêling | mèh raina sêmu bang | buyar ingkang manuk | wurahan andon wohwohan | myang mring têgal pêksi kang kulinèng warih | mring tlaga jajênêkan ||

13. Sigêg paran ungêling kang pêksi | wus raina warog jajathilan | wong Sêlaung sadayane | amiyarsa kalamun | Mas Cêbolang sarencangnèki | wau ratri wus linggar | saking ing Sêlaung | jalu

--- 4 : 212 ---

èstri balulunganbilulungan. | sami nusul ngetan ngidul ngalèr sami | lampahnya gêgancangan ||

14. Kang kapanggya sukane angênting | giyak-giyak mêndhak-mêndhak lingnya | dhumatêng pundi Kêmase | de têka nora dhawuh | mring dasihe paran wakmami | kang dados kalêpatan | binêndon wakingsun | woting tyas mugi wangsula | mring Salaung adalêma wismamami | busana boga arta ||

15. Ulun ingkang marnèkkên utawi | rintên dalu jagi kasugêngan | têbiha ing sangsayane | Cêbolang lingira rum | iya bangêt panrimamami | têmbe sawangsulingwang | nglêgani karêpmu | samêngko padha wangsula | nora lawas yêkti ingsun bali malih | labêt kabyatan trêsna ||

16. Yèn makatên karsanta wong dhandhing | ulun miwah sakarsa sadaya | tumuntur ing saparane | tan ana sêdya mantuk | lamun datan sarêng wong (m)jlanthir | Cêbolang gung kèmêngan | locitaning kalbu | paran lamun (n)daktulaka | ing karêpe milulu saka trêsna sih | upama lêstaria ||

17. Padha mèlu wong samono iki | gawe ribêt amumurung sêdya | ananging ta kaya priye | lamun wus karsanipun | Ingkang murba ing Sahir Kabir | iya kinapakêna | wasana lingnya rum | jalu èstri mitraningwang | kang sutrêsna maringwang wong kawlasasih | tumuntur ing saparan ||

18. Sru sukèng tyas kang samya sinung ling | dhuh Kêmase sampun susah-susah | bab nadhahe sadangune | tuwin arjaning laku | ulun ingkang anguwawèni | sarwi agiyak-giyak | lajêng lampahipun | karsaning Hyang Maha Nasa | dènnya sami mahawan kasasar maring | wana grêng wêrit pringga ||

19. Swara umyung rèh kagiri-giri | wrêksa agung sumiyut lir rêbah | kumêrot sêmpal êpange | prêbatang malang megung | pêdhut (n)dhêdhêt amawa tistis | ing akasa limêngan | mêndhung angêndhanu | jawah drês thathit liwêran | Mas Cêbolang tan pisah lan rencangnèki | laju mangalèr ngetan ||

20. Warog jathil sarencangnya sami | bilulungan asrêpe kalintang | narêthêg sirna kiyate | tan uning kang dènênut | ngidul ngilèn

--- 4 : 213 ---

lampahnya prapti | Karangtalun têgalan | ing dhusun Sêlaung | byar anon Hyang Bagaskara | lingsir kilèn sadaya samya ngungun ngling | ya Allah ngudubilah ||

21. Nora (n)dipe yèn tumêkèng têgil | sukur nora binadhog ampuhan | puluh-puluh wus bêgjane | tan linilan tutpungkur | têtêp kinèn muhung ngêntèni | ujare ora lawas | jlamprong nuli wangsul | iya ing têmbe kewala | lamun wangsul tèrèng§ Prayoginipun / terong /. dhêmpêl ulêr jisim | ywa nganti bisa minggat ||

22. Sowang-sowang mantuk maring panti | sigêg Slaung kang nandhang kacuwan | nahan Cêbolang lampahe | pindha kabuncang lesus | sumèlèh ing têpining têgil | ing wanci wêktu Ngasar | klantih nadhah nginum | Palakarti Kartipala | Ki Saloka ngalèlèhngalèyèh. ngisoring janti | Nurwitri Mas Cêbolang ||

23. Rêrêmbagan paran kakang iki | bocah katri tan na kêlar glawat | kakang kariya ing kene | ulun kang marang dhusun | papariman uruban bukti | miwah mèt toya sêndhang | kinarya anginum | Nurwitri ririh lingira | dipun sabar lah punika wontên kèksi | jalma èstri (m)babêkta ||

24. Miyêk-miyêk gêgendhong anyangking | wusnya parêg nyi wadon aberag | tundhuk atatanya rèrèh | kêtêmbèn ingong dulu | papatute pun anak têbih | rencange sru katoran | Cêbolang lingnya rum | inggih (m)bokne kasinggihan | ulun saking ing Mantawis badhe maring | asramèng ing Majênang ||

25. Sowan maring Sèh Matyasta siddhi | duk nèng wana kataman babaya | tan uning praptaning ngare | rencang tri nir ing bayu | manthuk-manthuk nyi wadon sarwi | nguculi bubundhêlan | nigan nyamuk-nyamuk | lambe jinèwèr wus abang | susur anèng tangan kiwa angêcuwis | baguse kalêrêsan ||

26. Ngriki niki ran ing ardi Wilis | ing Majênang lah nika katingal | enyong puniki rencange | Sèh Matyasta linuhung | dèrèng lami tyang jalêr lalis | dadya ingong wulanjar | karanne (m)bok Mawur | ingong badhe asung têdha | mring kang sami nanêm boga canthèl gagi | paringe Sèh Matyasta ||

--- 4 : 214 ---

27. Rencang(n)dika niku rak kêlantih | dawêg niki sêkul gangsal pênak | lawan sakêndhi toyane | (n)dika têdhakkên gupuh | lah kantunna ngantos nèng ngriki | yèn êmpun mandum têdha | enyong nuntên wangsul | sêdhêng niku êmpun kuwat | enyong ingkang nglarapakên matur kyai | ananging sumêrêpa ||

28. Caranipun lamun sowan kyai | kêdah enjang lajêng pinanggiyan | mangke dalu prayogine | sipêng nèng sudhungulun | Mas Cêbolang mèsêm nyagahi | sêkule wus tinampan | Nyai Mawur laju | sarampunge mandum têdha | wangsul marang panggonanne kang kalantih | wus waluya sadaya ||

29. Wawi sampun kadangon nèng ngriki | lumaksana nyi lanjar nèng ngarsa | nyampe slendhang lambehane | nolah-nolèh mring pungkur | praptèng wisma tamunya nganti | anèng (n)jawining dhadhah | Nyai Mawur gupuh | jaga satru ginêlaran | sênthong kanan sênthong kering binarêsih | dinupan sinêkaran ||

30. Arêratêng nèng tangga sawusing | amiranti tinata nèng wisma | nyamikan wedang ron cêngkèh | liwêt ayam dêmuku | sambêl gorèng rêmpêla ati | karupuk kulit ayam | winadhahan bumbung | Nyai Mawur salin sinjang | tuwuhwatu kêmbên bathik orang-aring | poncot nèng wonga-wonga ||

31. Klambi sampir lurik kêmbang blimbing | bênik tangan sanga nisih êmas | jingga-loka rangkêpane | pupur (n)jalirit bathuk | gêlung gondhèl sinungan sari | tongkèng argulo mawar | nêngna lanjar Mawur | Cêbolang sarencangira | kang anganti anèng sajawining kikis | cacêngklungan mangantya ||

32. Cêbolang ngling èh kakang Nurwitri | iki priye têka nora prapta | (m)bok lanjar kang gondrèng-gondrèng | Nurwitri mèsêm muwus | (m)bokmênawi sawêg ngrarakit | sunggata myang sarira | radi mambêt kalbu | Saloka mangayubagya | rèh paduka nami kapotangan yêkti | (ng)ge nyaur boya nana ||

33. Kintên-ulun nyai lanjar maksih | radi majêng dhatêng mamah-mamah | katawis tanduk liringe | kuciwane sadumuk | sampun radi lungse ing wanci | ananging taksih bêrgas | manis ngundhung-undhung | badan nglênthang sawatara | mindhak

--- 4 : 215 ---

alus parang jaja gêmuh nyêngkir | atut lamun sinêngka ||

34. Bilih klèjêmipun anong-aning | lamun sisêmbadan sampun êsah | potange (m)bok lanjar bêrèt | Mas Cêbolang angguguk | apa manèh ingkang pinikir | kajaba asrah badan | Ki Nurwitri dhaup | ya lanjara ya tuwa-a | ana apa wong anane amung kuwi | wah têtêp kapotangan ||

35. Lanjar Mawur wus dangu angintip | myarsakakên kang samya rêrasan | rujuka lawan karêpe | mêdal sing dhadhah gupuh | ngancarani mring tamunèki | lah suwawi lajuwa | tumamèng ing sudhung | Cêbolang sarencangira | pinarnahkên anèng jarambahing panti | sangajênging krobongan ||

36. Nyai lanjar bikut angladèni | pangudutan panginangan wedang | cêngkèh myang nyanyamikane | sumangga anak bagus | rinahapan sawontênnèki | sêgane tiyang arga | rencang sêpi samun | saèstune (m)botên pakra | muhung alumayan jampining kalantih | yèn sampun sami nadhah ||

37. Lèlèh-lèlèhLèyèh-lèyèh. ing sênthong prayogi | sisi sowang Nurwitri Cêbolang | katri nèng (n)jrambah wismane | gya rinahapan sampun | sasêgahe sawusnya bukti | lanjar Mawur kèngêtan | sidike kang§ Prayoginipun / sang /. ulun | istipar angudubilah | nora eca bêcik daklapur samangkin | mangsa wurunga wikan ||

38. Nyumêt obor blarak minggah ardi | kawarna-a Sèh Luhung Matyasta | pinarak lan sakabate | anèng srambining tajug | lanjar Mawur marêg wotsari | Matyasta mèsêm lingnya | babo Nyai Mawur | têka sira mandhan rawa | amêmacak agêganda burat wangi | paran gatine lampah ||

39. Baya sira katamuwan santri | mojar saking nagri Ngèksiganda | Mas Cêbolang pangarêpe | maksih anom binagus | kadi calon aoliya di | papat rowange iku | Nurwitri ya bagus | Ki Saloka Kartipala | Palakarti anggawa têrbang kakalih | Nyi lanjar matur nêmbah ||

40. Inggih èstu dhawuh kang kawijil | tan nalimpang marma enyong

--- 4 : 216 ---

gancang | atur uning age-age | muhung cumadhong dhawuh | Sèh Matyasta lingira aris | iku tatamunira | paran sêdyanipun | inggih yun sowan paduka | yèn mangkana nuli aturana aglis | Cêbolang Gambuh nêmbang ||

305. Gambuh

1. Mundur Nyi lanjar Mawur | praptèng wisma panggih tamunipun | lingira lon enyong wau atur uning | nanging dèrèng ngantos matur | pandangunipun cumêplos ||

2. Tan nalimpang sarambut | dalah têrbang kakalih winuwus | sapunika Kemase sarencang sami | kinèn lajêng dhatêng tajug | ki dalêm sru ngantos-antos ||

3. Mas Cêbolang andhêku | yèn makatên sampun dados kalbu | kula dèrèng kinantên sipêng ing ngriki | èstunipun namung manut | sadhawuhe sang kinaot ||

4. Nyi Mawur manis muwus | (m)botên dados punapi ki bagus | sampun kerit praptaning surambi masjid | lanjar matur§ Prayoginipun / Mawur /. lajêng mantuk | Cêbolang majêng wotsinom ||

5. Manêmbrama Sèh Luhung | padha bêcik kang nêmbe katêmu | lan ing ngêndi pinangka sinêdyèng kapti | miwah sinambating arum | lalagon kaya wong kulon ||

6. Cêbolang nêmbah matur | kula nami pun Cêbolang èstu | tiyang pêkir asal ing nagri Mantawis | pasantrèn têbih praja gung | rencang sakawan rumojong ||

7. Mênggah ing sêdyaulun | saèstune amalulu manut | krêntêging tyas wasana sumanggèng kapti | (n)dhèrèk sakarsa pukulun | pun patik saèstu kothong ||

8. Matyasta mèsêm manthuk | insya Allah kang sipat ngalimun | yèn sambada sira lêrêpa nèng ngriki | yèn wus (n)dungkap mangsanipun | pupungkasane kalakon ||§ Prayoginipun / lalakon /.

9. Ingsun kajibah angsung | ing pituduh pancadaning mantuk | nanging [na...]

--- 4 : 217 ---

[...nging] isih kataman cobaning Widdhi | rucahing tingkah mèh asung | bilai wit kabasturon ||

10. Cêbolang duk angrungu | suka ing tyas sumungkêming kalbu | rencang catur kawistara nayogyani | samya eca manahipun | amiyarsa sabda jatos ||

11. Ngling malih sira kulup | aso panti apa anèng tajug | kang sinung ngling nêmbah aturira aris | kawula nyuwun lêstantun | wontên ing tajug kemawon ||

12. Matyasta ngling mring wadu | hèh Pêngawe mundhuk mongkok rambu | mringa wisma nyuwunna kalawan§ Prayoginipun / kalasa /. lêmpir | lan kêmule kêntèl wulung | apadene kang susugoh ||

13. Sarapan sabên esuk | mangan pindho awan lawan dalu | wedang kahwa nyanyamikan aywa kari | kinang pangudutanipun | saanane kang mirantos ||

14. Pangawe nêmbah mundur | wangsul (m)bêkta klasa lêmpir kêmul | panginangan pangudutan wedang kopi | rampunging panatanipun | ki wisma lingira alon ||

15. Kono sambinên kulup | saanane suguhe wong gunung | Mas Cêbolang sakancane angrahapi | rèhne sira padha rapuh | bêcik bacut padha aso ||

16. Pangawe sakancamu | gilirana kang jaga nèng tajug | Sêmang Ganggo Galêndhong Kalênthung Siring | Muntap Majêmuk Talutur | Galêndhèh Ludira Boyong ||

17. Si Jênthur Miling lagu | Tukung Sapang nêmbêlas puniku | mapat papat gilirane sabên ari | sandika kang tampi dhawuh | sêdhêng payo padha ngaso ||

18. Sèh Matyasta tumurun | praptèng wisma lan waela pangguh | katri nama Kacandra Rondhon Malatsih | Malat awit sesuk-esuk | sakabèhe bocah wadon ||

19. Sumêdhang Bondhèt Mandul | Gondrèng Rimong Gêndre§ Prayoginipun / Gendrèh /. Cakêt Mangu | Lêbêt Sèdhêt Glewang Lobong Titipati | gilir sabên ari têlu | kang padha ngladèni dhayoh ||

--- 4 : 218 ---

20. Kalawan sasuguhmu | ywa kuciwa saananing gunung | ni Malatsih sandika wus marintahi | mring wadu wadon sadarum | kunêng dalu tan rinaos ||

21. Andungkap wanci Subuh | Mas Cêbolang lawan santri catur | myang pra santri sami ngambil toyastuti | Ki Nurwitri adan gupuh | swara arum tumalawong ||

22. Matyasta wus mring tajug | para santri maca slawat umyung | kinêplokan cêp mênêng gya dènkamati | paragating waktu Subuh | Sèh Matyasta mulang ngaos ||

23. Praptèng pêcak sapuluh | bubar ingkang sami ngaji mantuk | wêktu Luhur, Ngasar, Magrib, Ngisa, Subki | sêmbahyang maring ing tajug | bakda Ngisa bakda Luhur ||

24. Manggihi tamunipun | sabên ari tan lowong kadyèku | myang sasêgah lumintu tan nguciwani | Cêbolang takon mring Lagu | kakang abdine sang kaot ||

25. Èstri kalawan jalu | sami gêndhing niku namanipun | Sèh Matyasta rumuhun saking ing pundi | Lagu ngling gêndhing prèhipun | kula bagus dèrèng ngrêtos ||

26. (n)Jêng Kyai duk rumuhun | saking Wirasaba asalipun | taksih mambêt santana lan sang dipati | nging watêkan (m)botên mathuk | nèng riki lajêng dhudhukoh ||

27. Sring criyos duk nèmipun | rêmên ngringgit gêndhing gêndhèng baut | e la layak kang Lagu ki dalêm wasis | sanès talêcêr ing gunung | wiryèng praja kang cinèngkok ||

28. Nahên ta laminipun | Mas Cêbolang nèng Majênang sampun | tigang ari nuju bakdaning Isa-i | Sèh Matyasta ngling mring tamu | Cêbolang kalamun seos ||

29. Lagon ukara têmbung | Sadat Kurès Mantarum lan dhusun | manganjali èstunipun botên sami | rumuhun ulun winuruk | abdidalêm kêtip Winong ||

30. Lêlagon warni catur | raras Nênêm Sanga Manyurèku | mencok Barang utawi ukaranèki | inggih wontên sanèsipun | mung sawatawis kemawon ||

--- 4 : 219 ---

31. Lah mara payo kulup | laras Sanga cikmène tiniru | para santri bisa-a lalagon nagri | kang sinung ngling nêmbah laju | Gurisa gantining Gamboh ||

306. GirisaTeks asli: Gurisa. Untuk konvensi Girisa biasanya guru lagu 'a', dengan jumlah wilangan 8 suku kata.

1. Bismlahir rahmanir-rakim | ênawètu angukira | bikimatin sadatèni | wa ujuban bil ngumuri | maharotan wa kidatan | parlallilahi tangala | niyatingsun ngucapakên | ing Sadat kalimah loro ||

2. Kalle awajib sapisan | ing dalêm saumuringsun | parêlu karana Allah | AsdaduAshadu. Allah ilalah | ilalah Assadu anna | Muhkamadan Rasullolah | ngawruhi ingsun satuhu | tan na Pangeran mung Allah ||

3. Lawan angawruhi ingsun | satuhu Nabi Muhkamad | iku utusaning Allah | mangka maknane la ila | la ilolah iku nyata | amot napi lawan ismat§ Prayoginipun / isbat /. | mangka kang dèn-napêkakên | iku sakèhing Pangeran ||

4. Kang lyan saking Pangran kita | mangka kang dèn-ismatakan§ Prayoginipun / isbatakên /. | iku kang Êsa kang tunggal | kang nora dinadèkakên | andadèkkên alam kabèh | yaiku Pangeran kita | Kang Agung kang Mahamulya | yaiku kang aran Allah ||

5. Mangka têgêse kang aran | Allah iku nuduhakên | dalêm Date kang Mahluhur | ora warna ora rupa | ora arah ora ênggon | ananging wajib ananya | kalawan mokal oranya | sing sapa ngucap tuhunya | aran Allahu Tangala ||Bait ini kelebihan satu baris, seharusnya 8 baris.

6. Warna rupa arah ênggon | wong iku dadi kupurnya | utawa Nabi duta |Kurang satu suku kata: utawa (n)jêng Nabi duta. Muhammad iku manungsa | ingkang lanang amardika | kang akil balèg sanyata | kang abagus warnanira | kang mancorong cahyanira ||

7. Kadi purnamaning wulan | utawa kaya baskara | ingkang katurunan wahya | kang wajib (n)duwèni sipat | Sidik Amanat Tabêlik | Sidik bênêr maknanira | de Amanat kang pêrcaya | Tablik nêkakakên nyata ||

--- 4 : 220 ---

8. Mokal linyok mokal cidra | lan mokal angumpêtêna | wênang ngaral bangsa riyah | kang ora cinacadakên | ing dalêm martabatira | bangsa Arab bangsa Kurès | bangsa Mim bangsa Muntalib | kang rama Radèn Ngabdullah ||

9. Kang ibu Dèwi Aminah | kang pinutrakakên Mêkah | ing wulan Rabingulawal | ing tanggal kaping rowêlas | malêm Sênèn ing tahun Dal | waktu saur wancinira | swiji kaol antaranya | wanci Mahrib lawan Ngisa ||

10. Ingkang tanggal kaping wolu | utawane yuswanira | (n)Jêng Nabi Muhkamad iku | kawandasa taun dènnya | ngalih marang ing Madinah | yuswa tigalikur taun | utawi malih yuswanya | (n)Jêng Nabi Muhkamad ika ||

11. Pan sawidak tigang warsa | seda ana ing Madinah | sinarèkkên astananya | ing Madinah wulannira | Rabingulawal ing tanggal | ping rolas ing dina Sênèn | ing taun Dal wêktu Luka | mangka ta ingkang angucap ||

12. (n)Jêng Muhkamad Rasullolah | kalimahira Sahadat | animpên angèstokakên | barang kang dèntêkakakên | dening Kangjêng Rasullolah | salahu nglahi wassalam | salahu nglahi wassalam | salahu nglahi wassalam ||

13. Allahuma salingala | Sayiddina ya Muhkamad | Allahuma salingala | Sayiddina ya Muhkamad | Allahuma salingala | Sayiddina ya Muhkamad | iya wa ngala alihi | wa sahbihi wa ngalimi ||

14. Tamat gya sa-takaballa | lahu minkum sêsauran | mina wa minkul§ Prayoginipun / minkum /. takabal | ya karim rêmpêg swaranya | Sèh Matyasta mèsêm lingnya | èh pra santri sadaya |Kurang satu suku kata: èh para santri sadaya. sabên sakbakdaning Ngisa | bêcik padha sinauwa ||

15. Sadat Kurès lagu praja | supayane padha lêbda | pra santri matur sandika | gya sami mantuk sadaya | kantun sakawan kang jaga | Mas Cêbolang ngaras pada | ulun matur saèstunya | wit sinau ngaos amba ||

16. Ngantos dumugi samangkya | winulang tuwin miyarsa | Sadat kalimah kalihnya | namung makatên kewala | duk ulun kulinèng

--- 4 : 221 ---

praja | supêkêt kêtip ngulama | kamipurun matur tanya | raos tumancêp ing nala ||

17. Datan wontên ingkang karsa | namung gumujêng kewala | kang kaparêng angandika | iku bae rasakêna | têmbe yèn wus tinarbuka | sayêkti sira uninga | wasana ngantos samangkya | tambah kandêl kijapira ||

18. Tangèh lamun karaosa | malah ura ngayawara | wontên wawênganing nala | èstu dhawahing Kang Kwasa | tarlèn muhung (n)Jêng paduka | kang badhe nêmbadanana | raosing manah kawula | kang tumanêm salaminya ||

19. Kawula sumanggèng karsa | mugi-mugi kaparênga | paring barkahing minulya | sarencang-ulun sadaya | mangèstu pada paduka | Sèh Matyasta duk miyarsa | atur panuwun ngrarêpa | kang lir madu pinasthika ||

20. Rumêntah sih wêlasira | pantèn bênêr ciptanira | sayêktine pancèn ana | kêploke kaya èsthinta | ananging mungguh manira | walahu alam wong liya | pirabara condhong karsa | antuk idayat sanyata ||

21. Besuk malêm Jumngah ngarsa | pantèn sarencang sawarda | ulunwêdhari karsanta | lamun jêntus lan wêktunya | sira padha tinarbuka | Cêbolang sarencangira | sukèng tyas marwata suta | matur sandika sadaya ||

22. Matyasta malih ngandika | nadyan wus kêrêp miyarsa | reyang carita kinarya | ngêntèni (m)bliyuting mata | bab mring wadon lan wong liya | sukur sigit raosira | nêmbah suka marang karsa | Matyasta duduk wêdharnya ||

307. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Ana umat sawiji amandêng wahyu | saking sangêt dènnya miskin | tatapa wus patang taun | antuk Laelatulkadri | nuli tutur mring kang wadon ||

2. Laelatulkadri rupa watu têlu | sasmita kang kapiyarsi | watu têtêlu puniku | dènumbulna gênti-gênti | apa karêpe ing kono ||

--- 4 : 222 ---

3. Wus tinêkan barang kang sanêdyèngsinêdyèng. kalbu | apan nora mindho kardi | (n)jaluka sagunung-gunung | êmas sosotya pan dadi | tinêkan sêdyane kono ||

4. Lan rabine sêdyane arêbut ducungdhucung. | kang wadon mung nêdya sugih | ingkang lanang karêpipun | dènsinggih dadi bupati | duwe nagri sarta gêdhong ||

5. Ingkang wadon (n)jaluk nagara tan rêmbug | nganggur bae dènasugih | maras mênèk kinawayuh | payo (n)jaluk sugih-sugih | duweya mas pitung gêdhong ||

6. Sadangune pradondi durung karêmbug | watune tininggil-tinggil | karsa dènumbulkên iku | anjaluk duwe nagari | sarta dènaduwe gêdhong ||

7. Mèh dènuncalakên kang wadon angrêbut | ywa (n)jaluk dadi priyayi | dadi sugih bae nganggur | bupati sugih kuwatir | enak nganggur bae ingong ||

8. Ingkang lanang saure sarwi asêndhu | bêcik wong duwe nagari | sarta kang sugih kalangkung | angrèh wong rina lan wêngi | sugih êmas kongkon uwong ||

9. Ingkang èstri nyêntak aja anjajaluk | sugih arta duwe nagri | sugiha bala kang iku | duwe gêdhong sèwu sami | kang lanang mêksa ambêkos ||

10. Amacicil sarwi ngumbulakên watu | lagi watune sawiji | unine pan konthol sèwu | katlicut nyêntak kang èstri | nuli awake bak konthol ||

11. Konthol sèwu jêjêl anèng awakipun | arêgut§ Prayoginipun / arebut /. ênggon apipit | anèng mata wolulikur | gulu janggut bathuk pipi | ambiyêt kêbak ing konthol ||

12. Sarandunning awak kêbak jêjêl sungsun | abêntêt tindhih-tinindhih | gumêdêr pating gurandhul | ingkang èstri anangisi | kang lanang gêgêtun (n)jomblong ||

13. Mau-mau angguguwa rêmbugingsun | sayêktine nuli sugih | ngarêpakên gêdhong sèwu | isi mas barana adi | ujêr kowe

--- 4 : 223 ---

dhewe wangkot ||

14. Anauri kang lanang mênênga iku | watu kari loro iki | kang siji ngong arsa (n)jaluk | ilange saking wak mami | kabèh sarupaning konthol ||

15. Dene siji ngengeyan ngong karya (n)jaluk | nurut sira (n)jaluk sugih | aduweya gêdhong sèwu | ngumbulakên watu malih | srya sru dènnya wiraos ||Kurang satu suku kata: sarya sru dènnya wiraos.

16. Konthol kabèh lunga-a saka wakingsun | nora nganggo dènwalêri | konthole kang lawas katut | pating parêsat tan kêri | konthol lawas mèlu coplok ||

17. Pan sumêbrung têkan dakare kêlayu | sawab Laelatulkadri | dadi sapangucapipun | kalalèn konthole lami | karayut kêna wiraos ||

18. Dèn-gagapi konthole dhèwè wus suwung | têkan dakare malêncing | aniba gumulung adhuh | adhuh lae kontholmami | rinapu marang kang wadon ||

19. Wis mênênga pan (n)dilalah durung kuntung | nora kudu sugah-sugih | muliya bae kontholmu | watu iki kari siji | gawenên angundang konthol ||

20. Gya ngumbulkên watune kang siji kantun | konthole kang kinèn bali | tan asuwe nuli wangsul | têtêp nèng (ng)gonnira lami | bèn niyate tan kalakon ||

21. Mas Cêbolang sarencang sru gujêngipun | èngêt lalakon kang uwis | ngandika malih Sèh Luhung | wong wadon iku sayêkti | tinitahakên Hyang Manon ||

22. Apan namung dadi ganjaran satuhu | datan kêna dadi kardi | kaênas ing para jambur | kang nêrak arang basuki | wit Nabi Adam kinaot ||

23. Ingêdhunkên (n)tuk babêndu saking luhur | purwèng garwa kang (n)jalari | sapiturut durung antuk | bakdaning Rasullolahi | têkèng êntèk kari yêktos ||

24. Nora kêna lamun tinêraka iku | jaba yèn nêdya bilai | akèh pra pandhita wurung | kuwalène saking èstri | sêdya wicaksana kaot ||

--- 4 : 224 ---

25. Dadi kumprung kang sêdya wirya saèstu | dadi rusak anêmahi | ingkang anêdya rahayu | têmah amanggih bilai | jalaran saka ing wadon ||

26. Mas Cêbolang matur paran criyosipun | tiyang kang loma nglangkungi | pantèn carita kasêbut | padha nèng Tajusalatin | lêgawa manis kinaot ||

308. Dhandhanggula

1. Kalih prakara ingkang binagi | kang pinaro adil lawan loma | ingkang saparo adile | pinarêngakên sampun | mring Nusirwan Sultan Madayin | saparo dinum samya | para ratu-ratu | ing ngalamdonya sadaya | kang saparo mung ginadhuh ratu siji | Sultan adil Nusirwan ||

2. Kang loloman ya pinarakalih | kang saparo dinum wong sajagad | saparo wong siji bae | tur iku dudu ratu | kang pinaring loman sapalih | wong cilik tur mardika | nênggih wadyanipun | sri naranata ing Arab | nama Katim iya kang abangsa Tahyi | nênggih ing pehak Ngarab ||

3. Assakiyu kabibulah nênggih | wal kabilu amanngaluolah | rapal puniku têgêse | nênggih wong loma iku | pan kêkasihira Hyang Widdhi | wong kumêt satruning Hyang | pinanci dosa gung | mutamat para pandhita | dosa loro alane wong kumêt siji | lan bêcike wong loma ||

4. Lamun ana wong loma ing bumi | atas angên-angêne sampurna | sinungan bênêr tatane | saking murah tyasipun | nadyan dudu kang dènlomani | yêkti mèlu manpangat | saking bumi luhur | wong kumêt budine andhap | ya sanadyan duduwa kang dènkumêti | tan wande mèlu mada ||

5. Sêbêl purêt wahyuning Hyang Widdhi | kamisasat akèh kang amada | dene kanisthan budine | jro kitab Sitrul-muluk | kocap wontên ratu sawiji | anama Sultan Bahram | ratu gung pinunjul | sawapatira mamêkas | mring kang putra besuk yèn ingsun ngêmasi | sira gumantya ring wang ||

--- 4 : 225 ---

6. Lamun ana abdine narpati | wani muni anèng ngarsanira | angalêmbana yêktine | lawan sabênêripun | mungguh tindakira narpati | anuli paringana | arta dipun agung | sajênênge anèng donya | aywa kongsi mangan artane pribadi | maksiya artanira ||

7. Iku wite karaton sayêkti | mratelakkên ing wahyu kang prapta | ngundurakên tyasira (ng)gèr | solahira kang dudu | yêkti sira wirang nindaki | pratingkahe kanisthan | sabab wus ginunggung | yèku wong magêri nistha | wontên malih jro kitab Adabu salin | ratu kang winicara ||

8. Kang ngilangkên pamujining dasih | ratu kumêt tan ana utama | sagung pandhita pujine | ratu loma puniku | nadyan nora nana kang muji | aja nganggo pandhita | darajate luhur | tinêkan barang sinêdya | iya dene sasat nampani pribadi | duwèk anèng potangan ||

9. Nguni kang dadi ojating bumi | Katim TayiTahyi (dan di tempat lain). kang apehak Ngarab | ngêsorkên ratu lomane | dadya ratu têtêlu | kang miyarsa bramantya sami | dene andina-dina | sagung wadyanipun | tan nana malih dènucap | amung Katim Tahyi lomane ngliwati | tan ana kasumbaga ||

10. Sultan ing Rum nalika sumiwi | Prabu Kaesarungi§ Prayoginipun / Kaesar Rumi /. ngandika | marang sagung punggawane | wira gujalanipun | ingkang aran si Katim Tayi | pira gêdhonge baya | isi artanipun | dene lomane kalintang | ingkang padha narpati angrèh nagari | nora sida diloka ||

11. Lan wong apa lungguhe si Katim | apa lubalang apa satriya | apa ya juru gêdhonge | mring kangjêng kakang prabu | narapati Bandarngulami | punggawa matur samya | punika pukulun | tiyang ngangguran kewala | bangsa Tahyi ing pehak Ngarab pun Katim | mung inggih amardika ||

12. Sultan ing Rum angandika malih | ya pagene angluwihi raja | si Katim Tahyi lomane | apa dènanggo iku | dene nora tampi ubêkti | nora angrèh nagara | bisane kadyèku | apa bisa gawe êmas | aturipun inggih samya tan andugi | mungguhing takdirolah ||

--- 4 : 226 ---

13. Sultan ing Rum angandika malih | dene ingsun iki ratu murah | têka tan ana lokane | iya sapa kang ngrungu | ing samêngko iki si Katim | kadhêmênane apa | kang dadya tyasipun | punggawa matur tur sêmbah | wardinipun samangke rêmên turanggi | arêgi tigang lêksa ||

14. Sakalangkung (ng)gènnira ngrêmêni | tangèh lawan turangga ngakathah | gêng luhur miwah ulêse | sanadyan para ratu | datan darbe ingkang ngèmpêri | kadi turangganira | pun Katim pukulun | gêdhogan tinunggil nendra | inggih saking tan kenging pisah pun Katim | dènnya sih mring kudanya ||

15. Sultan ing Rum angandika malih | wong tatêlu mantri acaosa | si Katim ingsun cobane | parakna layangingsun | lan paparingingsun puniki | si Katim duwe kuda | iku ingsun pundhut | duta sigra lumaksana | tiga mantri datan kawarna ing margi | praptèng jajahan Ngarab ||

16. Wanci wêktu Ngasar praptanèki | pun Katim mêntas atatamuwan | pan sadina susugune | saking gunging tatamu | ngênting (ng)gènnya anyugatani | langkung suka tyasira | sabubaring tamu | dutane rajèng Rum prapta | wêktu Ngasar mêndhunge angliliwati | prapta udan sok-sokan ||

17. Kadi banjir saking ing wiyati | awor ampuhan kagila-gila | Ki Katim lawan tamune | pan sami kabêr kukut | dènnya gênging jawah lan angin | nalika iku datan | ana wong kang mêtu | saking jrih udan ampuhan | pan pun Katim arsa susuguh ing tami | kèwêdan dening udan ||

18. Kirang warnane ulamirèki | dening jawah tan kêna wong mentar | ngupaya sangêt jawahe | dadya turangganipun | sinambêlèh kang dènrêmêni | ingolah warna-warna | sinêgahkên tamu | Ki Katim suka tyasira | tatamune kacukup dènnira bukti | maca Alkamdulilah ||

19. Samya ngungun ecane abukti | tamu ngraos lamun kapotangan | kanikmatan ing suguhe | arip netra ing (n)dalu | enjingane samya alinggih | munggèng made antara | kapat lawan tamu | caraka ing Rum anulya | maringakên surat saking narapati |

--- 4 : 227 ---

mring Ki Katim tinampan ||

20. Nulya dutèng Rum amuwus aris | lah punika yayi gustiningwang | akikirim paparinge | Sri Prabu minulyèng Rum | Katim (n)dhêku amaos tulis | punika (n)jroning surat | mundhut kudanipun | Katim wusnya maos surat | netra pucêt aclum ngungunnya kêpati | sènès wadananira ||

21. Carakèng Rum miyat marang Katim | sawusira amaos kang sêrat | têka aclum wadanane | sarta bangêt anjêtung | kadya nênggak ing waspanèki | dutèng Rum têrkanira | sangêt awratipun | pinundhut turangganira | carakèng Rum palimarma angling ririh | mila yayi andika ||

22. Sasampunira maos kang tulis | cahyanira yayi sangêt biyas | saingga maras ing tyase | aywa ta wancak-kalbu | lamun maksih sira rêmêni | ingsun kang ananggunga | dukane sang prabu | kuda maksih anèng sira | sira Katim mèsêm dènnira nauri | taha yèn makatênna ||

23. Pun kakang kula têtah sakêdhik | wingi-wingi nalikane prapta | têka (m)botên (n)dhawuhake | dadya mangke katrucut | cuwa karsanira sang aji | dene kula punika | kang arsa pinundhut | taksiya gêsang upama | yêkti katur sumangga ing siyang ratri | ing gusti sri narendra ||

24. Sampun mênggahing punika malih | kinarsakkên ing Prabu Kaesa§ Prayoginipun / Kaesar / kados ing pada 10 pupuh punika. | yêkti lêstari karsane | tan pae anggêpingsun | lan kang rayi sang natèng riki | Sultan Bandar ngulama | sami gustiningsun | dadya ing mangke kawula | tan kadugi inggih ngupadosi malih | ingkang mirip punika ||

25. Ingkang kasêmbêlèh wau ratri | kinarya sêgahing (n)dika samya | kirang ulam-ulamane | kasaput jawah agung | mila datan kêna wong ngili | inggih ngupaya ulam | mila manah nglampus | turangga dadya kapragat | karya ulam ingabukti wau ratri | dutèng Rum duk miyarsa ||

26. Rinangkul gapyuk sigra pun Katim | iya dene nora kaya sira | ingsun kainan wingine | duta sigra mit mantuk | tan ingucap

--- 4 : 228 ---

lampahing margi | prapta nagarinira | marêk ing sang prabu | katur solahing dinuta | wiwitannya prapta wismane Ki Katim | malah praptèng wasana ||

27. Katur sasolah bawaning Katim | Prabu Kaesan ruming§ Prayoginipun / Prabu Kaesar Rumi /. ngandika | Ki Katim paribawane | kagyat gumujêng (ng)guguk | goyang waktra angêmbat wêntis | bênêr dadiya loka | si Katim puniku | liwat saking lêgawèng tyas | kunêng prabu ing Ngêrum gantya winarni | sri naranatèng Ngêsam ||

28. Amiyarsa yèn kabare Katim | kang abangsa Tahyi pehak Ngarab | kaonang-onang lokane | kasuwur kamisuwur | warta malah katur para ji | gya sri bupati Ngêsam | pan arsa angutus | amundhut kang ora-ora | anyênyoba ing bêrbudine ki Katim | rakyate natèng Ngarab ||

29. Nata ing Sam pan arsa ngayoni | mantri kakalih ingkang dinuta | amundhut kang anèh-anèh | amundhut unta satus | tur kang dawa wulune sami | kang irêng-irêng samya | mata kalihipun | kang rangkung-rangkung dêdêgnya | duta mêsat datan kawarna ing margi | prapta ing tanah Ngarab ||

30. Panggih lawan sira Katim Tayi | dhinawuhakên timbalannira | Sultan ing Sam pamundhute | langkung anèh puniku | kaya nora kêna pinikir | Katim (n)dhêku tur sêmbah | sandika wakingsun | sanajan inggih langka-a | dêrmi-dêrmi yèn maksih sihing Hyang Widdhi | dhatêng sang prabu ing Sam ||

31. Lamun maksih dinamêl narpati | natèng ing Sam dening Kang Amurba | mokal tan antuka mangke | duta sinêgah sampun | Katim sigra dènnya ngulati | marang ing padhukuhan | urut gunung-gunung | sanak-sanake sadaya | binobotan samya tumut angulati | yèn binudi ing majat ||

32. Ngêndi olèh unta kang kadyèki | parandene takdiring Hyang Suksma | datan alami antuke | pêpêk kang unta satus | duta Ngêsam ngungun ningali | Katim pasrah ing duta | sumangga puniku | sami andika pariksa | bakmanawibokmanawi. wontên kang siwah satunggil | wêlinge prabu ing Sam ||

--- 4 : 229 ---

33. Tinitènan sadaya sayêkti | kadi pundhutane prabu ing Sam | caraka mit sinungake | mangu-manguna laku | pira-pira Katim nyangoni | unta satus binêkta | tan kawarnèng ênu | nagari ing Ngêsam prapta | katur marang sang prabu unta sing Katim | ngungun sang natèng Ngêsam ||

34. Sarwi (n)jêtung angandika aris | èstu lamun si Katim balaba | iku ingsun coba bae | agawok têmên ingsun | dudu ratu bisa ngulati | unta kang langka-langka | kapotangan ingsun | ing jaman iki tan ana | kaya Katim kinon amangsulna malih | sarta mot rajabrana ||

35. Paparinge natèng Sam mring Katim | unta satus kawratan barana | pèni-pèni paparinge | datan kaparèng ngênu | duta ing Sam samana prapti | ing Tahyi pehak Ngarab | lan Katim wus têmu | dhinawuhakên sadaya | unta wangsul sarta winotan paparing | pèni mas rajabrana ||

36. Sira Katim andhêku nampèni | ingundhakan§ Prayoginipun / ingundangan /. sanak-sanakira | kang anduwe unta kabèh | prapta sadaya sinung | Katim datan arsa angambil | ing pangaji sadinar | Êpon tan amundhut | pangaji sakêthi ana | pan sadaya anak putune Ki Katim | sugih sami sakala ||

37. Carakèng Sam eram apan maksih | dene Katim tan arsa angalap | ing barana paparinge | lajêng mring anak putu | duta ing Sam pan sampun pamit | prapta ing nagari Sam | katur ing sang prabu | têtêkone Katim mulya | prabu ing Sam têtêp mawongsanak Katim | saking kayungyun myarsa ||

38. Kunêng Sultan ing Ngêsam winarni | prabu ing Yahman duk sêdhêngira | miyarsa Katim wartane | duka yayah manêbut | sru ngandika mring para mantri | ya ngêndi ana kumpra | angluwihi ratu | si Katim pan wong alasan | sajinise angon wêdhus datan malih | lawan wong angon unta ||

39. Pira kadare wong kang angon kambing |Labih satu suku kata: Pira kadare wong angon kambing. (n)dadak duwe pamêtu salêksa | apa kang dènlomakake | wong bingung anut umyung | ingkang padha ngêlêm si Katim | ingsun sèwu sadina | pan sidêkahingsun | mring pêkir miskin katiman§ Prayoginipun / yatiman /. | parandene

--- 4 : 230 ---

tan ana ingkang amuji | kasaru wontên duta ||

40. Dutanira Sultan ing Mahribi | atur surat anunuwun warta | saking Mahribi lokane | ana wong bangsa dhukuh | lomanira anglêliwati | ngêsorkên para raja | nênggih ojatipun | saking Mahribi kapyarsa | pehak Ngarab kang abangsa Katim Tahyi | loma kagila-gila ||

41. Samyarsanya surat sing Mahribi | natèng Yahman sumungku miyarsa | latu latung bang jajane | asru dènnira muwus | mring pandhega kang saba wêngi | lumakuwa ing Ngarab | wonge kakang prabu | patènana dipun enggal | kang anama si Katim kang bangsa Tahyi | cangkingên ingkang murda ||

42. Ya mulane iku sunpatèni | aja kongsi iya tiba sasar | kakèhan tampa pujine | dene wong durung wêruh | wus anggunggung marang si Katim | karana ingsun wênang | matèni wong iku | yèn kalakon karyanira | ingsun ganjar apa ing sakarsanèki | yèn wus yuda kanaka ||