Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

309. Pangkur

1. Baduwi tur sêmbah mêsat | sarta kuda binêktan pêdhang kalih | kagunganira sang prabu | kang tate bangkit karya | cinacahkên ing wêsi sawêntis rampung | wus lêpas ing lampahira | ing marga datan winarni ||

2. Wus prapta jajahan Ngarab | praptèng dhukuh wismane Katim Tahyi | Baduwi sayah angaub | Katim anuju mêdal | atatanya mring Baduwi kang angaub | paman ing wong pundi (n)dika | lan ingkang sinêdyèng kapti ||

3. Baduwi alon saurnya | kula anak saking Yahman nagari | sêdyaning driya nakingsun | ingutus ngambil unta | Katim angling paman yèn (n)dika panuju | kandêlakèndêla. wisma kawula | mucang anginuma warih ||

4. Bêgja yèn manggiya paman | panêkulan inggih sae abukti | gampil yèn sampun atuwuk | lajênga alêlampah | sukur sèwu lajênga ing wismaningsun | Baduwi lêga tyasira | rêsêp ing manah nuruti ||

--- 4 : 231 ---

5. Praptèng wisma sinunggata | pan sinuba-suba samya abukti | gumatinira kalangkung | malah supe ing lampah | kongsi dalu tan pêgat sugatanipun | nyamikan inum-inuman | sadalu lêkêt ing bukti ||

6. Angraos kapiutangan | Katim mojar paman lamun suwawi | jangkêpa ing pitung (n)dalu | wontên wisma kawula | anglêgakna pun paman ing manahipun | Baduwi lon saurira | yèn sampuna ngudur inggih ||

7. Asangêt ngudure anak | dede-dede lampah ingkang agampil | luwih sangêt luwih ewuh | anak dede kinantha§ Prayoginipun / kinandha /. | Katim angling paman kawula ayun wruh | manawi inggih pun anak | sagêd angapèn-apèni ||

8. Ing susahipun pun paman | pintên banggi kula ngawat-awati | yèn paman pracayèng kalbu | sampun ta walangdriya | wong Baduwi acipta kayapa iku | panggawe kang nora gampang | iya lakuningsun iki ||

9. Anak manira awêca | pan manira dinuta ing sang aji | kinèn angulati ingsun | mring sang prabu ing Yahman | wong kang aran Katim Tahyi bangsanipun | ingsun kinèn mêjahana | murdane kinèn anyangking ||

10. Sang nata arsa uninga | mring murdane kang aran Katim Tahyi | Ki Katim dupi angrungu | gumuyu sarwi mojar | (m)botên angèl paman kalamun puniku | manira paman kang sagah | mirantèni amrih kêni ||

11. Kadi pêjahe kang mina | ingkang sampun manjing anèng piranti | kantun amithês anglêthus | ing sajatine paman | tunggil dhusun kang aran Katim puniku | ing dhukuh punika uga | nanging tanggung sapuniki ||

12. Ing benjing-enjing kewala | karana pun Katim sabên enjing | amêng-amêng anèng (n)dhukuh | inggih kidul punika | ngandhap wukir sangisoring gurda agung | yèn prapta mudhun sing kuda | lajêng anginum abukti ||

13. Turangganipun cinancang | lan pun Katim inggih nuli aguling |

--- 4 : 232 ---

kawula andira§ Prayoginipun / andika /. turut | paman tan wande kêna | sampun ngantos ngêntosi kula dènesuk | karana yèn kongsi awan | kasêlak kesah pun Katim ||

14. Lah paman punika pêdhang | luwih landhêp anggonên mêdhang benjing | ri sêdhêng turu akukup | sampun dadi kang rêmbag | eling-eling sawêngi wuwusên esuk | Baduwi nulya lumampah | sawêlinging Katim Tahyi ||

15. Saksana Baduwi mangkat | Katim Tahyi sigra dènnya kakambil | anyilip ing marganipun | turangganira nyongklang | pasthi dhingin praptanira anèng dhukuh | mudhun saking ing kudanya | cinancang munggèng waringin ||

16. Katim sigra api nendra | sarwi kukup kadya guling sakenjing | Baduwi tan dangu rawuh | mulat kuda cinancang | angling aris nyata têmên tuduhipun | si anak kang duwe wisma | lah ika ana wong guling ||

17. Sigra wau pinêrpêkan | kang aguling sigra pêdhang tinarik | ingikal mèh tibanipun | nulya (ng)graitèng nala | ingsun iki apan utusaning ratu | yèn nuli ingsun pêdhanga | kalle durung wruh ing warni ||

18. sayêkti agawe nistha | ingsun ungkabane raine dhingin | sigra binuka kang kukup | kagyat samya anjola | angrungkêbi sukune anjrit anguwuh | dhuh anak kadi punapa | polah mêkatên puniki ||

19. Panggawe kang botên layak | dènlakoni ambuwang lara pati | Katim tangi sarwi muwus | paman kadi punapa | jêr kawula sampun sanggup wau dalu | angilangkên susah (n)dika | (ng)gih kula kang aran Katim ||

20. Aran§ Prayoginipun / Apan /. (n)dika wong dinuta | mring ratu anyangking sirah-mami |Kurang satu suku kata: maring ratu anyangking sirah-mami. lan paran karsanirèku | paman wong kula lila | (n)dika paman aywa kongsi antuk rêngu | wong suwita ing narendra | abot yèn tan anglakoni ||

--- 4 : 233 ---

21. Baduwi aris mangrêpa | nadyan silih dinukan awakmami | ingsun matur bae (m)besuk | ing gusti rajèng Yahman | ingsun pamit sigra mêsat lampahipun | sinangonan kangge marga |§ Ing babon Sêrat Cênthini ingkang kalatinakên punika kirang kalih gatra kados ingkang kacetak miring kasêbat. Punika pêthikan saking Sêrat Cênthini Radya Pustaka. sabarang dening pun Katim ||

22. Ing marga datan ingucap | praptèng Yaman marêk ing sri bupati | Baduwi tur sêmbah matur | sasolah tingkahira | Katim lila loman saking ngumuripun | wus tinutur sadayanya | miwiti malah mêkasi ||

23. Prabu Yahman duk miyarsa | langkung suka (ng)guguk angandika ris | bênêr wong akèh puniku | kang padha ngalêmbana | durung tumon loma têka umuripun | lah iya karêpe uga | wis aja sirapatèni ||

24. Kunêng kocap jroning kitab | mashur lamun balapa§ Prayoginipun / balaba /. Katim Tahyi | akathah mèt misilipun | kang para raja-raja | wontên warah yèn agung mupangatipun | nênggih sajrone ing kitab | Jawa-hiral Amaryati ||

25. Ing jaman wuri kawruhan | nênggih kuburipun Ki Katim Tayi | ana turun ping sapuluh | ing anak putunira | Katim Tayi kabanjiran kuburipun | astana kandhah ing toya | jisime arsa dènêlih ||

26. Jisime wutuh kewala | nora bosok tinon kadya wong guling | yèn mungguh ahli tasawub | tiwas tan bisa ilang | dene mungguh ing jaman Ngarab ing riku | tan kêna ingaran tiwas | karana uwiting bêcik ||

27. Dadalan sasukanira | sasênênge tan kêna dènwancèni | ilanga katona iku | sah tan antuk cinacat | yèn ing tanah Jawa mangkono abusuk | wong mati katon tan ana | yèn katon sayêkti eblis ||

28. Mung iku kinarya tandha | tandha lamun wong loma iku bêcik | wong kang kumêt iku antuk | nama busuk lan ala | uwis tamat Katim Tayi critanipun | sadaya kang sami myarsa | sukèng tyas nahên wus wanci ||

--- 4 : 234 ---

29. Têngah dalu Sèh Matyasta | maring panti kang kari lajêng guling | saarinya tan cinatur | malêmipun Jumuwah | wus samêkta lalêmbaran sêkul wuduk | gorèngan krupuk dhêkêman | sarêm lombok kêncêng abrit ||

30. Dupi paragat binêkta | maring srambi sabakdanira Isa-i | santri sêpuh datan mantuk | anèng sarambi aglar | Sèh Matyasta munggèng pangimanan lungguh | Cêbolang sarencangira | nèng ngarsa samya nyêpêngi ||

31. Astane têngên Matyasta | angling riri§ Prayoginipun / ririh /. reyang iki mung darmi | nuduhakên mring darbèkmu | lah mara tampanana | gya Sahadat kalimah roro rumuhun | Assadu alla ilaha | ilalah gya dènwêrdèni ||

32. Tamating kalimah ngarsa | gya kalimah kang kaping kalih nênggih | winêdhar sawêrdinipun | Assadu anna Muhka | -maddan rasullolah wus tamat kinumpul | kalimah kalih Sahadat | titiga anjingirèki ||

33. Gya mêdhar pikukuh Islam | pan lilima Sahadat kang rumiyin | Salat kaping kalihipun | ping tiganipun Jakat | kang kaping pat Pasa kaping gangsalipun | Kaji lilima winêdhar | wêrdine sawiji-wiji ||

34. Manèh iki kawruhana | keblat iku ana catur prakawis | dene ta ingkang rumuhun | keblate badan kasar | kang kapindho puniku keblating ngèlmu | keblating roh kaping tiga | keblating rahsa mungkasi ||

35. Winardèn sajuga-juga | iki alam catur wajib ngawruhi | kang rumuhun alam Nasut | Malakut kapindhonya | kaping têlu yaiku ngalam Jabarut | Lahut jangkêpe sakawan | sawêrdinira wus ramping ||

36. Anasir kawikanana | uga papat Bumi ingkang rumiyin | Gêni kaping kalihipun | Angin katiganira | ping pat Banyu gya winardèn lungguhipun | anjing miwah wardènira | tamating anasir dhikir ||

--- 4 : 235 ---

37. Pan: La ilaha ilallah | rambah ping tri ing sarambahanèki | winardèn sajuru-juru | kalawan lungguhira | gya kinumpul ing gandhèng-gandhènganipun | dumadya sakawan pantha | jumênêng manungsa jati ||

38. Lah iki Martabat Sapta | kawruhana lungguh lan kurubnèki | apa dene nêptunipun | rumuhun Akadiyat | kadwi Wahdat Wakidiyat katrinipun | Kadim-ajali-abadya | gya Arwah kacaturnèki ||

39. MinsalMitsal. ingkang kaping lima | Aj-san kanêm kasapta Insankamil | mring Anyar ingkang kacatur | wêrdine wus kawêdhar | wusing tamat surasa lan anjingipun | pantèn malih kawruhana | Roh sasanga wêrdinèki ||

40. Rabbani ingkang kapisan | dwi Nurani Rahmani kang kaping tri | badan Ilapi ping catur | Nabadi kang kalima | kanêm Kiyawani Tamiyis kapitu | Kewani ing asthanira | jangkêp ping sanga Kulupi ||

41. Mungguh Êroh kang sasanga | pan kawêngku karèh ing Roh Ilapi | kawruhana manèh kulup | badan alus sakawan | Adam Roh-rokani myang badan Roh-kanu | Roh-kudus jangkêp sakawan | ngalêmpak ing ati siri ||

42. Kabèh sawuse katampan | patitise tuwajuh ingkang ati | tumêkane rahsanipun | iku dudu srasehan | nora kêna dibêdhagal èstunipun | tumampêg ing Rasa Mulya | gumantung Hidayatjati ||

43. Amung iki mukaranah | kudu bisa iya sawêngi iki | kanggo sabên mapan turu | lah padha tampanana | gya winêdhar wus sagêd sadayanipun | cinatur wit bakda Ngisa | bêdhug kèndêl gya kandhuri ||

44. Minulyakkên Nabi duta | paragating pandonga gya binagi | wus samya nadhah pikantuk | barêkat binuntêlan | para santri sadaya wus samya mantuk | mung kari catur kang jaga | sarêng tilêm nèng surambi ||

--- 4 : 236 ---

45. Sèh Matyasta Mas Cêbolang | sarewangnya wangsul mring tajug malih | tumêkane bêdhug têlu | antuk palaling Suksma | sadaya wus cumêplong raosing kalbu | kantun nglanjèhakênnglanyèhaken. marang | tindake Tanajul-tarki ||

46. Sèh Matyasta lon lingira | lah bubaran gya ngambil toyastuti | nulya samya salat Subuh | kadi ing saban-saban | malêm Jumungah tan ana nendra puniku |Lebih satu suku kata: malêm Jum'ngah tan ana nendra puniku. kang sami tampi nugraha | ing siyang pantara ratri ||

47. Kang ginita saraseyan | Mas Cêbolang kalayan Ki Nurwitri | wus srêg rasaning kang kalbu | cahya wênês sumunar | Sèh Matyasta sukèng tyas mèsêm lingnya rum | dhuh pantèn Alkamdulillah | ananging dèn-ngati-ati ||

48. Isih kurang saangkatan | tindak rucah kang ayun koklakoni | nanging tan ngapa-a iku | Cêbolang matur nêmbah | tarlèn muhung nyuwun pangèstu pukulun | rinêksa-a ing Pangeran | tawêkal èngêt basuki ||

49. Sigêg kyai wusing mulang | Sèh Matyasta pinarak nèng pandhapi | Pangawe madhêp mangayun | myang dasih sawatara | Mas Cêbolang Nurwitri sarencangipun | tumurun marang pandhapa | kanthi lagu sêmang-miling ||

310. Kinanthi

1. Sèh Matyasta ngawe gupuh | (m)bacuta marene kaki | Cêbolang wus munggèng ngarsa | babasan kapasang yogi | Pangawe ku tilas dhalang | wit bocah dhêmên angringgit ||

2. Lawas nèng nagri Mantarum | suwita Ki Panjangrukmi | kang ginilut jajanturan | blêjag-blêjag rada apil | duk maksih nèng Wirasaba | nganti tumêkèng samangkin ||

3. Dhalang bang-wetan sadarum | padha pruwita ananging | wènèhan cêkak-cêkakan | pantèn duk anèng Mantawis | apa wus têpung kalawan | Kyai dhalang Panjangrukmi ||

--- 4 : 237 ---

4. Inggih ulun sampun têpung | kulina Ki Panjangrukmi | saking rêmên dhatêng wayang | sabên ki dhalang angringgit | ulun tumut cêlak kothak | anyumping wontên ing kering ||

5. Jajanturaning kadhatun | èstunipun (m)botên apil | lamun upami miyarsa | dhalang kang (n)jantur upami | pakêcapanipun lêpat | lêrêsipun ulun uning ||

6. Sukèng tyas mèsêm lingnya rum | Pangawe lêkasa aglis | janturane Prabu Krêsna | ana kang ko(k)sarasèhi | Pangawe sêmbah sandika | dadya macak amiwiti ||

7. Swara tètèh buntas arum | nênggih nêgari ing pundi | kang kaeka adi dasa | purwa eka mring sawiji | adi maring luwih endah | dasa sapuluh jinarwi ||

8. Purwa kawitan puniku | wênang ingucapkên yêkti | titahing Hyang Girinata | sanadyan kathaha ugi | kang kunglulankungkulan. ing ngakasa | kang kasangga ing pratiwi ||

9. Kang kapit ing samodra gung | tan wontên kadi nagari | Dwarawati nagri panjang | apunjung mila kadyèki | panjang mring ing adawa |Kurang satu suku kata: panjang maring ing adawa. wus pranyata ing nagari ||

10. Adawa pocapanipun | atêbih kuncaranèki | punjung mring luhur pranyata | nagara luhur nglangkungi | datan ana kang amadha | kluhuraning karaton-di ||

11. Tur nagari pasir gunung | iya nagri loh jinawi | basa pasir de nagara | angajêngkên muara-di | anêngênkên bandar arga | basa nagara kawukir ||§ Prayoginipun / awukir /.

12. Dene ngungkurakên gunung | basa nagara loh dening | kaapit ing pasabinan | basa nagri ajinawi | de nagara tulus ingkang | sarwa tinandur lêstari ||

13. Murah kang sarwa tinuku | tur murah sandhang lan bukti | wadya alit datan ana | kang dènkalarakkên sami | nagri karta tur raharja | apratandha wadya alit ||

--- 4 : 238 ---

14. Myang wadya tan na kang ngingu | maenda maingsa sapi | menthok bèbèk miwah ayam | raintên praptaning ratri | aglar wontên ing pangonan | datan wontên dènkandhangi ||

15. Saking tan na dursilèku | nangkoda kang dagang (ng)gili | kang layar tan na pêdhotnya | pramila ingaran nagri | raharja mangka pratandha | wadyabala agêng alit ||

16. Ngèstokkên prentahing ratu | tan wontên cêngil-cinêngil | tur ratu gêdhe obornya | adhuwur kukussirèki | miwah adoh kuncaranya | tan ngêmungkên tanah Jawi ||

17. Ing tanah sabrang misuwur | maring sakèhing nagari | kaungkulan kasusilan | -ning ratu ing Dwarawati | babasan manglung kang têbah | kang prak tumiyung ngastuti ||

18. Ing bulubêktine tamtu | sabên taun asrah warni | glondhong pangarêng-arêngnya | asung pupundhutan nagri | sapa jujuluking nata | Sri Bathara Krêsna tuwin ||

19. Maraja Padmanabèku | Maraja Kesawasiddhi | ya Maraja Danardana | ya Maraja Arimurti | milane kadang manungsa | pinunjung§ Prayoginipun / jinunjung /. binathara di ||

20. Pranyata titising Wisnu | sirnaning Hyang Wisnumurti | Bathara Krêsna kang ana | sirnaning Krêsna narpati | Bathara Wisnu kang ana | upama lir suruh yêkti ||

21. Lumah lawan kurêpipun | dinulu seje kang warni | ginigit tunggil rasanya | Krês marang irênginèki | na iku maring papadhang | pranyata Sri Dwarawati ||

22. Ratu irêng mulus têrus | têkan bêbalungirèki | yèn ayama cêmani ka | Bathara Wisnu ing uni | kêna ginawe sarana | nadyan Prabu Dwarawati ||

23. Samani§ Prayoginipun / Camani /. samana jumbuh | kêna ginawe srananing | (m)besuk aprang§ Prayoginipun / ing prang /. Bratayuda | sapa kang dènbêbotohi | marang Sri Bathara Krêsna | sayêkti unggul ing jurit ||

--- 4 : 239 ---

24. Na: padhang pranyata ratu | padhang paningalirèki | têrus datan kêsamaran | tur wruh durunge jinarwi | mila juluk Padmanaba | ratu de (ng)gadhahi sari ||

25. Wijayakusuma luhung | panguripaning kang jalmi | mati kang mawa kabranan | pramila jujuluknèki | nênggih Maraja Kesawa | dene ratu ingkang bangkit ||

26. Triwikrama ingkang langkung | pranyata Sri Dwarawati | sagêd amancala putra | bangkit amancala putri | mila parab Danardana | pranyata sri narapati ||

27. Titising Bathara Wisnu | ananging namung sapalih | pama gêni lan urupnya | lir sêkar lan sarinèki | gênine Sri Danardana | urupe Radyan Prêmadi ||

28. Cangkoke Krêsna sang prabu | sarine Arya Jahnawi | ya lir satu lan rimbagan | mila parap Arimurti | Murti antêng Ari mudha | pranyata Sri Dwarawati ||

29. Titising Bathara Wisnu | dados anèm tur nulusi | ing kajatmikani§ Prayoginipun / kajatmikane /. miwah | munjuli ngapapak tuwin | mrojoling akêrêp lawan | loma naha§ Prayoginipun / maha /. bathara di ||

30. Pratandha pirsa saèstu | saosike kang wadya ji | nêting tyas tan kasamaran | awon saening pangèsthi | sadaya wus kauningan | ingupamakkên sang aji ||

31. Bangkit angilani mêndhung | bisa anjaringi angin | tur siniyan ing jawata | kinêmulan widadari | kinacèk samining nata | tuwin lalabuhannèki ||

32. Ratu Dwarawati èstu | ngupadosan soring langit | dasa tan antuk satunggal | sanyut§ Prayoginipun / sèwu /. tan-tuk sadasèki | ngobori kang papêtêngan§ Prayoginipun / kapetengan /. | (m)babadi kang sukêt singit ||

33. Ratyambêg palamarta nung | awèh pangan wong kalantih | awèh sandhang wong kawudan | awèh kudhung wong kang lagi | kapanasan miwah suka | songsong wong kataman riris ||

--- 4 : 240 ---

34. Wèh têkên wong klunyon laku | Sri luhur tan na ngungkuli | ratu andhap tan kungkulan | sasamining narapati | sri miguna ing aguna | tan ngêndhak gunaning jalmi ||

35. yêkti ginunggung sang prabu | kawibawaning narpati | lan lalabuhaning nata | sadalu pantarèng ratri | datan wontên pêdhotira | pinunggêl kang murwèng kawi ||

36. Ratu Dwarawati nuju | miyos siniwakèng munggwing | sitinggil binata-rata | ginarbêg ing wanodya di | kang sami angganararas | alênggah ing dhampar rukmi ||

37. Pinatik nawa rêtna rum | pinalipit ing sotyadi | alêlèmèk tundha sapta | kasur babut prangwêdani | sirna kamanungsanira | lir Bathara Wisnumurti ||

38. Anganglang jagad sawêgung | ginarbêg ing widadari | salênggahirèng dhadhampar | sang Prabu Dwarawati |Kurang satu suku kata: Sang Aprabu Dwarawati. wadya kang sowan sadaya | têka lêrêp sirêp sami ||

39. Sidhêm pramanêm sadarum | nir bawaning walang slisik | gogodhongan tanpa mobah | angin tan purun lumaris | mung abdi kang nambutkarya | kêmasan pandhe myang gendhing ||

40. Kang taksih sami anambut | pandamêlaning narpati | cat kapyarsa ing cat ora | kalawan swaraning pêksi | êngkuk kang mencok ing gurda | puniku kang kapiyarsi ||

41. Saking paglaran satuhu | têka mêwahi wingiting | pasewakan pagêlaran | Pangawe kèndêl turnya ris | èngêt kula mung punika | Lonthang janturan ngaringgit ||

311. Lonthang

1. Cêbolang ngling kados wus turut sadaya | datan wontên tumpangso-ning kang ukara | nanging lamun jêjêr ratu ing Ngamarta ||

2. Èngetulun radi wontên sanèsira | Pangawe ngling lêrês ingkang pangandika | wawatoning jajanturan nata purwa ||

3. wontên catur Dwarawati wus kawahywa | ing Ngamarta Madura lawan Ngastina | wontên malih janturan Hyang

--- 4 : 241 ---

Girinata ||

4. Lamun jêjêr sanèse gangsal punika | kêdah mirit saking ing salah sajuga | mêndhêt saking pambêganing naranata ||

5. Myang ya mirit gêng alite kratonira | kantun ngêlih ing pundi aranning praja | lan paraping kang dadya jêjêring nata ||

6. Sèh Matyasta sukèng tyas bêcik bacutna | kang minangka wawaton janturan ika | Ki Pangawe manêmbah matur sandika ||

7. Sapunika janturannya Sri Ngamarta | wit anênggih dumugi kapit samodra | cap-ucapan punika sami kewala ||

8. Lajêngipun tan wontên kados nagara | ing Batanakawarsa iya Ngamarta | pranyata loh ajinawi tur nagara ||

9. Gêmah ripah nagara karta raharja | pramilanya ingaran lohe nagara | kaapit ing pasabinan antuk toya ||

10. Ajênawi tulus kang samya tinanja | mirah ingkang sarwa tinumbas sadaya | tur amirah sandhang lawan têdhanira ||

11. Wadya lit sapraja Batanakawarsa | tan wontên kang dipun karilakkên§ Prayoginipun / kalarakkên /. miwah | ingaranan nagara gêmah satata ||

12. Langkung kathahing wadya lit kang gêgriya | ingkang saking nêgari ing manca praja | pramilanya aripah mangka pratandha ||

13. Wadya alit kang samya dagang tan ana | kèndêlira raintên dalu tan pêgat | datan wontên dènastaani(?)dènastaani = kasangsayane. punika ||

14. Pramilanya winastan nagara karta | apratandha wadya lit tani kang samya | ingon-ingon kêbo sapi bèbèk sata ||

15. Siyang dalu aglar nèng panggonan samya | botên wontên kang kinandhangkên mring wisma | awit saking kalising juti dursila ||

16. Pramilanya winastan nagri raharja | apratandha kawula bala sadaya | anuhoni ngèstokkên parentah nata ||

17. Datan wontên ingkang sulaya budinya | wadyabala sabiyantu abipraya | tur ratu agêdhe murup oborira ||

18. Dhuwur ingkang kukuse doh kuncaranya | pae nagri kang

--- 4 : 242 ---

kathah-kathah punika | kang ginunggung kawibawanning narendra ||

19. Lan agênging nagari sasaminira | yèn ing praja Ngamarta Cintakapura | tan mangkana kang dèn-gunggung labuhannya ||

20. Naradipa lawan pambêkaning nata | ngupadosa sawêngkoning ngarcapada | cacah satus pan datan angsal sajuga ||

21. Cacah sèwu èstu tan angsal sadasa | ambêg paramarta pandhita kalihnya | tur ta ratu darana sadana boga ||

22. Ambabadi kang asukêt asung padhang | angobori kang pêtêng wèh kudhung marang | uwong ingkang kapanasên sartanira ||

23. Awèh payung uwong kodanan punika | awèh têkên wong kalunyon awèh têdha | wong kaluwèn wèh sandhang uwong kawudan ||

24. Abotêna Pandhawa punika gangsal | sami gadhah watak priyangga-priyangga | pambêgane ratu Ngamarta punika ||

25. Wong sajagad dènaku sanak sadaya | wong sajagad gêng alit padha warata | êndaklakonane larane sadaya ||

26. Wong sajagad padha suka asugiha | aku ingkang anglakoni sêngkêlira | pambêgane Radèn Arya Wrêkodara ||

27. Sapa ala ya (n)dakalani pasaja | sapa bêcik ya (n)dakbêciki sanyata | mangkya pambêkane panêngah Pandhawa ||

28. Radyan Arya Janaka anyamirana | nyarambahi kang dhuwur kang êndhèk ika | ingkang agêng kang alit kang cêlak têbih ||

29. Kasrambahan sadaya mring Dyan Janaka | miwah prawan wulanjar tanapi randha | myang somahan dènakên bojo sadaya ||

30. Bojomu ja bojoku aja pêpeka | de bojoku bojoku dhèwè wruhanta | pambêkane Radèn Nangkula Sadewa ||

31. Dyan Nangkula ala-alamu priyangga | Dyan Sadewa ala têmbe bêcik benjang | lah punika pambêkane kang Pandhawa ||

32. Sintên jululukingjujuluking. ratu ing Ngamarta | Prabu Puntadewa Prabu Darmaputra | Darmawangsa Prabu Guna-talikrama ||

--- 4 : 243 ---

33. Prabu Darmakusuma Sri Yudhisthira | pramilanya ajujuluk Puntadewa | apranyata luwih andhap asorira ||

34. Tur ta gêdhe apurane pramilanya | ajujuluk Darmaputra pranyatanya | de pinutra maring sang Bathara Darma ||

35. Milanya ajujuluk Prabu Darmawangsa |Lebih satu suku kata: Milanya jujuluk Prabu Darmawangsa. wus pranyata jênênge sri naranata | angaubi ring kulawarga sadaya ||

36. Mila parab Prabu Guna-talikrama | ucul saking tatakramaning narendra | pambêkannya ingkang kaloka ing jagad ||

37. Tan angêndhak gunaning sasama-sama | mila parab sang Prabu Darmakusuma | nyata nglulusakên ing saciptanira ||

38. Sakathahing ingkang lampah kapênêdan | pramilanya parab Prabu Yudhisthira | kang kacipta rahayunira bawana ||

39. Tur narendra kang siniyan ing jawata | kinamulèn widadari myang bineda | sasamining ratu yèn ta ginunggunga ||

40. Lalabuhanira ratu ing Ngamarta | ing sadalu mangsa wontên pêdhotira | pan pinunggêl kewala kang purwakanya ||

41. Sang aprabu nuju miyos sinewaka | nênggih wontên sitinggil binatarata | ginarêbêg dyah kang sami angganararas ||Lebih satu suku kata: ginrêbêg dyah kang sami angganararas.

42. Alênggah ing dhampar kêncana minulya | pinatik ing mirah jumrut nawarêtna | pinalipit sosotya-di mawa praba ||

43. Alêlèmèk kasur babut prangwêdani | sirna kamanungsane kadi jawata | Sang Hyang Darma tumêdhak nganglang bawana ||

44. Lênggahira ing dhampar Prabu Ngamarta | salajêngnya lan janturan Dwarawatya | cap-ucapan sami kewala asmara ||

312. Asmaradana

1. Mangkya ta janturannèki | ratu Madura winarna | awit anênggih prajane | kapit ing samodra samya | lajênge datan ana | kados nagri Madurèku | babasan nagari panjang ||

2. Punjung ngantu nagri pasir | awukir loh ajinarwyaajinawya / jinawi-a. | nagri gêmah aripahe | nagri karta tur raharja | basa nagara panjang | mring adawa pranyatèku | nagri dawa pocapannya ||

--- 4 : 244 ---

3. Basa nagri punjung maring | ing aluhur wus pranyata | luhur tan na ngasorake | kaluhuraning karatyan | tur nagri pasir apan | ngajêngakên muarèku | anêngênkên bandar arda ||

4. Ana basa nagri wukir | de ngungkurkên parêdènnya | apa basa nagri êloh | de nagri kapit sabinan | nagri ajinawi ka | tulus kang sarwa tinandur | murah kang sarwa tinumbas ||

5. Tur murah kang sandhang bukti | wadya alit datan ana | kang kinaranglakkên§ Prayoginipun / kinatarakkên /. rêke | apa basa nagri karta | tandha wadya lit miwah | wadya tani kang angingu | kêbo sapi bèbèk ayam ||

6. Raina pantara ratri | angglaranglar. wontên ing pangènan | tan wontên kinandhangake | saking kalis ing dursila | kang sami dagang layar | raintên pantarèng dalu | datan kèndêl ing pakarya ||pakaryan.

7. Basa nagri karta nênggih | apratandha wadyabala | saking ing nagari sanès | kathah kang lajêng gagriya | basa nagri raharja | pratandha wadyabala gung | tan wontên salayèng budya ||

8. Sumungkêm prentahing aji | tan ana kang cacêngilan | tur ratu gêdhe obore | sarta duwur kukusira | atêbah kuncaranya | babasan kang cêrak manglung | kang adoh tumiyung samya ||

9. Ing bulubêktinirèki | sabên taun atur asrah | glondhong pangarêng-arênge | miwah asung pupundhutan | lalabuhanning nata | padosa ngarcapadèku | satus tan angsal satunggal ||

10. Sèwu sadasa tan manggih | (m)babadi kang sukêt miwah | ngobori kang pêtêng rêke | awèh sandhang wong kawudan | wèh songsong wong kodanan | wèh têkên wong klunyon laku | wèh kudhung wong kapanasan ||

11. Awèh pangan wong kalantih | sapa jujuluking nata | Sri Kakrasana parabe | iya Prabu Jaladara | ya Prabu Baladewa | Kusumawalikitèku | mila parab Kakrasana ||

12. Pranyata sri narapati | wus gagadhangane karsa | pramilanya jujuluke | sang Aprabu Jaladara | tatkalanirèng tapa | kwasa ngambah mega pingul | mila parab Baladewa ||

13. Pranyata sinung wawangi | marang Sang Hyang Girinata |

--- 4 : 245 ---

kalane ngarak kramane | ingiring marang jawata | pramila apêparab | Kusumawalikitèku | pranyata titising mudha ||

14. Ning dadya sêpuh tur maksih | anêtêpi taklimira | marang kang rayi pamase | tur sri siniyan jawata | kinamulèn wranggana | kinacèk samining ratu | manawa ta ginunggunga ||

15. Kawibawaning narpati | sadalu tan na pêdhotnya | pinunggêl kang murwèng criyos | nuju miyos sinewaka | wontên ing siti bêntar | binaturata pinatut | ingayap para wanodya ||

16. Binusanan sêsotya di | kang sami angganararas | ilang ing kamanungsane | kadya Hyang Bathara Brahma | têdhak anganglang jagad | ginarêbêg para arum | lênggah ing dhampar kancana ||

17. Pinatik nawarêtna-di | pinalipit ing sosotya | salênggahira sang katong | lajêngnya sami kewala | lan janturaning Krêsna | sampun tamat mangkya ulun | mêdhar janturan Ngastina ||

18. Wiwit anênggih dumugi | kapit ing samodra samya | makatên ing salajênge | botên wontên kados praja | Ngastina ya Wastina | ya nagri Gajahoyèku | nagri panjang apunjungan ||

19. Tur nagri pasir awukir | loh jinawi gêmah ripah | nagri karta raharja |Kurang satu suku kata: nagri karta tur raharja. ana basa nagri panjang | panjang marang adawa | pranyata nagri kacêluk | adawa pocapannira ||

20. Basa nagri punjung maring | ngaluhur pranyata praja | luhur tan ana padhane | kaluhuraning karatyan | pasir madhêp muwara | anêngênakên bandar agung |Lebih satu suku kata: nêngênakên bandar agung. basa awukir de praja ||

21. Ngungkurkên parêdèn asri | basa êloh dene praja | kapit ing pasabinane | ajinawi tulus ingkang | sarwa tinandur dadya | murah kang sarwa tinuku | tur murah sandhang lan pangan ||

22. De gêmah pratandha jalmi | kathah kang sami gagriya | basa aripah tandhane | dadya kang sami adagang | rintên dalu tan kêndhat | datan wontên kèndêlipun | basa nagara akarta ||

23. Wadya alit wadya tani | ingkang sami ingah-ingah | kêbo sapi ayam bèbèk | rintên dalu glar pangonan | tan wontên kinandhangan | saking kalis ing jalma dur | basa kang nagri raharja ||

--- 4 : 246 ---

24. Wadyabala agung alit | nir kang salaya ing budya | mituhu parentahe rajèng |Lebih satu suku kata: mituhu prentahe rajèng. tan ana kang cacêngilan | tur gri gêdhe obornya | miwah dhuwur kukusipun | adoh ing kuncaranira ||

25. Basan kang prak manglung tuwin | kang adoh tumiyung samya | atur ing bulubêktine | sabên ing sataun asrah | glondhong arêng arêngan | asung pupundhutannipun | tan tanah Jawi kewala ||

26. Nadyan tanah sabrang sami | ngaturi bulubêktinya | ing sabên kala mangsane | lan lalabuhane nata | narendra ing Ngastina | ngupados ngarcapadèstu | satus tan angsal satunggal ||

27. Sèwu sadasa tan olih | (m)babadi kang sukêt miwah | ngobori kang pêtêng rêke | awèh payung wong kodanan | wèh têkên wong kalunyyankalunywan. | kapanasên sinung tudhung | awèh sandhang wong kawudan ||

28. Awèh boga wong kalantih | sintên jujuluking nata | Jayapitana pamase | ya Prabu Gandariputra | ya Prabu Kurupatya | ya Sri Duryudana iku | lire Sri Jayapitana ||

29. Nata kalilan-ing Widdhi | apa ing sapanêdhanya | mila jujuluk sang katong | Prabu Anggêndariputra | pranyata ingkang putra | Dèwi Anggêndari tuhu | mila parab Kurupatya ||

30. Pranyata ratunirèki | Kurawa satus sêlapan | mila malih jujuluke | Sri Narendra Duryudana | nyata suyut sadaya | wadyabala kadangipun | saking kaungkulan dana ||

31. Ratu kinasiyan dening | jawata kinamulènan | wranggana widadarine | kinacèk samining nata | lamun ta ginunggunga | ing kawibawaning ratu | sadalu tan na pêdhote ||Guru lagu seharusnya: 8a, sadalu tan na pêdhotnya.

32. Pinunggêl kang murwèng kawi | nuju miyos sinewaka | nèng sitinggil binature | ginarêbêg ing wanodya | kang samya (ng)ganararas | pinarak dhampar masta tur | pinatik ing nawarêtna ||

--- 4 : 247 ---

33. Pinalipit ing sotya di | ilang kamanungsanira | lir Hyang Bayu tatkalane | tumêdhak anganglang jagad | ginarêbêg waranggana |Lebih satu suku kata: ginarêbêg wranggana. salênggahing dhampar prabu | ing salajêngipun samya ||

34. Apan kadi janturaning | narendra ing Dwarawatya | Mas Cêbolang lingira lon | lêrês turut sadayanya | sampuning pasewakan | kocap kang nèng ngarsa prabu | salisir-ipun ki dhalang ||

313. Salisir

1. Sèh Matyasta lon lingira | hèh Pêngawe wêdharêna | janturane Hyang Prawata | manêmbah matur sandika ||

2. Anênggih pundi ingkang ka | -eka adi dasa purwa | eka mring sawiji nyata | adi mring luwih punika ||

3. Dasa sapuluh wêrdinya | purwa wiwitan jinarwa | mangke ta ing Suralaya | ingkang kinarya bubuka ||

4. Iya ing Jonggringsalaka | iya ing Papagyawarna | pae ratu marcapada | kang ginunggung wibawanya ||

5. Lan pambêganing narendra | sugihe jajahan lawan | agênging ing nagararja | ing Suralaya ta boya ||

6. Namung ing wisesanira | awênang lamun misesa | tan wênang yèn winasesa | awênang lamun amurba ||

7. Datan wênang yèn dènpurba | wênang ayoga tan wênang | lamun yèn dèn-yogyakênadèn-yogakêna. | sartane wênang akarya ||

8. Datan wênang yèn kinarya | sapa jujuluking jawata |Lebih satu suku kata: sapa jujuluking jwata. kang ngadhaton Jonggringslaka | ya Bathara Girinata ||

9. Bathara Siwahabuja | ya Bathara Nilakantha | ya Bathara Gurutama | mila parab Girinata ||

10. Giri dhuwur wêrdinira | nata ratu dhasar nyata | ratu kang luhur pribadya | pramila jujulukira ||

11. Bathara Siwahabuja | nyata astane sakawan | mila parab Nilakantha | apranyata ciri (ng)gènnya ||

--- 4 : 248 ---

12. Ing tênggoke bêlang seta | pramila bêlang kalanya | ngunjuk toya clêkuthana | mila jujuluk Bathara ||

13. Guru nyata gurunira | para jawata sadaya | kalamun tanta ginunggunga. ginunggungan | kluhuran lan wisesanya ||

14. Sadalu tan na pêdhotnya | pinunggêl kang murwèng kawya | Bathara SiwababujaSiwahabuja. | nuju miyos sinewaka ||

15. Munggèng bale Martyukundha | siniwèng para jawata | lawan para rêsi samya | wiku nèng ngarsane nata ||

16. Sampun tamat mung punika | janturan Hyang Girinata | Matyasta malih ngandika | jujuluking para nata ||

17. bêcik sira wêdharêna | kang kanggo jêjêr kewala | mupung ana sêksinira | Pangawe nêmbah sandika ||

18. Narendra nagri Wiratha | Sri Basukêthi wêrdinya | pratandha ratu kang bisa | gawe swara pamicara ||

19. Sri nata ing Durgandana | ewuh yèn ginawe ala | iya Prabu Masyahpatya | tandha tan wêdi palastra ||

20. Sri narendra ing Madura | Sang Aprabu Kunthibuja | tandha sri bêtah nastapa | Sri Basudewa Madura ||

21. Tandha sri lwih wicaranya | Prabu Bismaka Kumbina | tandha ratu kang nganggya | gêm-agêmaning pandhita ||

22. Sri narendra Nglesanpura | Prabu Satyajit parabnya | pratandha sri naranata | sêtya tuhu ciptanira ||

23. Maha prabu Ugrasena | ratu amêngku wêrdinya | de nata Cêmpalarêja | jujuluk Prabu Sucitra ||

24. Ratu lwih sêsêratannya§ Prayoginipun / seserapannya /. | paparap Ratu Drupada | pratandha sri naradipa | tan prayoga watêsira ||

25. Sri narendra Mandaraka | Sang Aprabu Narasoma | pratandha ratu kang sonya | jujuluk Narpati Salwa ||

--- 4 : 249 ---

26. Apratandha ratu ingkang | gèsèh punika wêrdinya | nuwun sampun mung punika | lêpat lêrêse sumangga ||

27. Cêbolang alon lingira | saking ing pangraoskula | pan sampun lêrês sadaya | Sèh Matyasta angandika ||

28. Pangawe lah wêdharêna | ada-adane sri nata | ngadhaton kandhêg gapura | manêmbah matur sandika ||

29. Lumiyating kawiryawan | kadhaton pindha kaswargan | gapura lir merutula | pattyaka manik dumilah ||

30. Sênênning kumala muncar | kasorotan ing raditya | inêping gapura gêdhah | rineka jalma pasihan ||

31. Lumiyat wêrdi ningali | de ing kawiryan têgêsnya | kawiryaning kraton ika | lir ingga tumrun kang swarga ||

32. Wêrdi kadhatone kaya | swarga ngalih ngarcapada | gapura lir merutula | têgêse rikang gapura ||

33. Yèn sinawang kadi arga | mahamèru gêng inggilnya | patyaka manik dumilah | kasorotan ing raditya ||

34. Wêrdi pucaking gapura | manik agêng kang kinarya | dumilah mancorong ika | amadhangi kasorotan ||

35. Dening Hyang Pratanggapatya | pama lir surya tumiba | kasangga pucak gapura | inêping gapura endah ||

36. Wêrdi inêpe gapura | kaca kang digawe ika | rineka jalma pasihan | wêrdi inêping gapura ||

37. Kaca dèntulis sujalma | jalu kalawan wanudya | lamun minêp kadi lagya | papasihan de yèn mênga ||

38. Kadi jalma sasêmayan | nahan ta kaya mangkana | upa-rêngganing gapura | tliti pan namung punika ||

39. Cêbolang mèsêm lingira | sampun kacêkap punika | angling malih Sèh Matyasta | Pangawe kalamun sira ||

40. Kaelingan janturane | ratu ing wayang gêdhoge | nuwun kathah ingkang supe | awit botên nate kangge ||

41. Cêbolang matur manawi | punika kakang Nurwitri | apil ing sadayanèki | wit rêmênira nglangkungi ||

--- 4 : 250 ---

42. Kita durung tau krungu | apa kèh bedane iku | karo kang kawêdhar mau | kathah kaote saèstu ||

43. Ringgit gêdhog langkung panjang | bubukanya Ilahèngan | Nurwitri pamintaningwang | wêdharêna aja wangwang ||§ Ing babon Sêrat Cênthini ingkang kalatinakên punika kirang sagatra kados ingkang kacetak miring kasbut, Punika pêthikan saking Sêrat Cênthini Radya Pustaka.

44. Lagon pelog tandya buka | Hong ilahèng awigêna | mastu namas-siddhi ana | aratu langkung sudibya ||

45. Pranatèng rat pramuditya | lila sêkaring buwana | amastutiyèng jawata | ing Sang Hyang Wisesa linang ||

46. Cana-cana mastutiyèng | jawata Sang Hyang Wisesa | ya hong swasana pratistha | makutha kathung kasiya ||

47. Ya hong swasana pratistha | makutha kathung kalapi | iya wong witning musthika | sari durung mantra-mantra ||

48. Wetan angêndhanu kulon | tatkala Ki Dhalang-jati | nyritakake Sukma-jati | anangsir rupa nir rupa ||

49. Anggronjal sinung mayoga | kawikannana dènnira | ing satuhu-tuhunira | kang amurbèng rat kapuja ||

50. Bubukane dènnya nêdhak | nukil Srat Kalimasada | pan katêdhak ing dalancang | dados ringgit bèbèr nama ||

51. Kalampahan jaman purwa | kang dados kalangênannya | ingkang amêngku nagara | ila-ilane punika ||

52. Anggêmahakên ing desa | barêkat mupakat barkat | ing ratu tumrah sapraja | babon maninjak(?) katêdhak ||

53. Rontal dados ringgit purwa | taksih lalampahannira | jaman purwa inggih dadya | kalangênannira ingkang ||

54. Amêngku nagara Jawa | ila-ilane punika | angarjakakên nagara | babonne maninjan(?) nulya ||

55. Pan katêdhak ing wacucal | dumadya kang ringgit purwa | lampahan ing jaman purwa | inggih dadya kalangênan ||

--- 4 : 251 ---

56. Ingkang mêngku nagri Jawi | ila-ilane mêwahi | kartaning jaman sayêkti | babonne maninjan(?) -jati ||

57. Katêdhak wacucal malih | santun wangunaning ringgit | ringgit gêdhog wastanèki | lêlampahanning narpati ||

58. Akêkadang sami aji | atut rukun dènnya sami | akêkadang sri bupati | (ng)gih dados klangênannèki ||

59. Kang amêngku nagri Jawi | ila-ilane mêwahi | rarasing nagari Jawi | babonne maninjan(?) -jati ||

60. Katêdhak ing kajêng miring | dados ringgit krucil nami | utawi klithik namèki | lampahannya ratu èstri ||

61. Ing Majalangu kang nagri | (ng)gih dados klangênannèki | kang mêngku nagri Jawi |Kurang satu suku kata: Ing Majalangu kang nagari. ila-ilane mêwahi ||

62. Sangkêpe lalangên tumrah | sawadyabala sadaya | têlas têpa palupinya | anênggih kang dhalang Jawa ||

63. Ing sangkane ana jalma | ngêdhog dongèng nopèng ika | ingkang kinarya lampahan | Panji kalawan Kirana ||

64. Na wong tuwa nini-nini | andongèngke putunèki | ingkang anêmbe dumadi | pangantèn anyar supadi ||

65. Gêlis atut kang kinarya | lalampahan datan liya | Panji kalawan Kirana | sigêg gya mocung Sèbêt byar ||

314. PocungTeks asli: Pucung.

1. Katalika mangke wontên kapanuju | kinarya bubuka | anênggih nagri ing pundi | kang kaeka ingkang adi dasa purwa ||

2. Eka maring, sawiji adi mring luhung | dasa ya sadasa | purwa wiwitan sayêkti | pan wênange ngucapêna titahing Hyang ||

3. Girinata, sanadyan kathaha iku | kang sami kasangga | pratiwi kungkulan langit | miwah ingkang kaapit-apit samodra ||

4. botên wontên, kadi nagri ing Jênggala | pramila ing praja | Jênggala pinurwèng kawi | dènirèstu nagri panjang apunjungan ||

--- 4 : 252 ---

5. Tur nagari pasir awukir satuhu | loh jinawe§ Prayoginipun / jinawi /. miwah | nagri gêmah ripah tuwin | karta harja punapa abêbasannya ||

6. Winastanan nagari panjang puniku | panjang mring adawa | adawa pocapannèki | de bêbasan winastan nagri punjungan ||

7. Wardinipun, punjung maring ingaluhur | de ngaluhur datan | wontên ingkang angungkuli | ing kaluhuranne nagari Jênggala ||

8. Nagri pasir basa pasir samodra gung | ngajêngkên muara | nêngênkên bandar mawêrdi | de nagari awukir ngungkurkên arga ||

9. Winastanan nagri êloh wardinipun | loh mring pasawahan | kang tinandur tulus dadi | tur amurah tinumbas sandhang lan pangan ||

10. Wadya alit botên wontên ingkang dipun | karanglakkên dèn ta | gêmah ing akathah yêkti | titiyang kang sami gagriya angrêdda ||

11. Nèng sajroning nagara bêntêt pinatut | winastan aripah | tiyang kang sami gêgrami | siyang dalu lumêbêt sajroning praja ||

12. Anglur sêlur datan wontên pêdhotipun | saking nagri manca | awit tan wontên kuwatir | ingkang dipun-sangsayakakên ing marga ||

13. De winastan nagari karta punika | marang kasantosan | de wadya lit wadya tani | ingkang sami ngon-ingon lêmbu maesa ||

14. Miwah bèbèk ayam ing raintên dalu | aglar nèng pangonan | datan wontên dipun-giring | kinandhangan saking kalis ing dursila ||

15. Winastanan nagari harja puniku | marang kapênêdan | de abdidalêm kang sami | mlampah damêl sabiyantu ring kabudya ||

16. Tur angèstokakên parentahing ratu | jrih asih mring nata | tur nata gung obornèki | myang aluhur kukuse doh kuncaranya ||

17. Basaning kang pêrak mayuk doh tumêlung | ing bulubêktinya | sabên kalamangsa prapti | asrah glondhong pangarêng-arêng kalawan ||

--- 4 : 253 ---

18. Angaturi ing sapamundhutanipun | lan lalabuhannya | Brawijaya narapati |§ Brawijaya punika asmanipun ratu Majapait, mangka ingkang kaucapakên janturan nagari Jênggala (kasbut pada 4, kaca 252), mila prayoginipun / Lêmbumiluhur narpati /. ngupadosa sajroning kang madyapada ||

19. Satus datan antuk satunggal yèn sèwu | tan angsal sadasa | (m)babati kang sukêt tuwin | angobori kang pêtêng wèh sandhang marang ||

20. Wong kawudan wèh pangan kang klantih asung | kudhung kapanasan | awèh payung wong kariris | awèh têkên wong kalunyon amrih harja ||

21. Tur ta ratu sinihan mring jawata gung | kinamulèn para | widadara widadari | kinacèk ing sasaminira narendra ||

22. Pan sadalu botên wontên pêdhotipun | mangke pinunggêl kang | amurwa mêdhar kakawin | wus tartamtu wong agung ing jaman kuna ||

23. Yèn amiyos siniwaka tarlèn amung | ri Soma Rêspatya | mangke nuju ri Rêspati | pêpak wadyabala kang sami sumewa ||

24. Bo agêlar wontên pasowanannipun | piyambak-piyambak | kang sowan nèng sripanganti | iya para bupati gêdhong kaparak ||

25. Sakaliwon panèwu myang mantrinipun | kapdhak sakrakyana | jagabaya ingkang sami | têngga kori ing regol ing sripangantya ||

26. Ambèr dugi kori kamandhunganipun | ya abdi kaparak | pinilih kanoman nênggih | asisihan kalawan wong patrayuda ||

27. Bo amèr ing sajawine kori mandhung | sintên kang asowan | (n)jawining mandhungan kori | didalêm kaparak miji tanuastra ||

28. Bo amblèbèr dumugi salêbêtipun | kori brajanala | sintên kang sowan sajroning | brajanala ya abdidalêm kaparak ||

29. Singamarta kalawan Kartiyasèku | ambèr sajawinya | kori brajanala nênggih | kang asowan sajawining brajanala ||

--- 4 : 254 ---

30. Abdidalêm kaparak wiryabrajèku | lawan Brajanala | dumugi ing Sitiinggil | sapa sintên kang sowan ing sitibêntar ||

31. Abdidalêm panèkêt panalawèku | kabayan kaparak | nirbaya nirbita tuwin | jodhipati saragni wisapracandha ||

32. Wadya nyutra astra nangga jagapurun | mandhung maudara | ambèr mangalèr dumugi | saklering kang kagungandalêm witana ||

33. Sintên kang asowan ya wadya kêtanggung | ing gandhok kalawan | gandhok mantri anom tuwin | abdidalêm niyaga lawan majêgan ||

34. Kadi dhoyong pancaksuji sitiluhur | kalèndhèhan bala | kang sowan ambèr dumugi | sangandhaping sitinggil sintên kang sowan ||

35. Kiwa têngên (n)dhak-undhakan sitiluhur | didalêm kaparak | Martalulut singanagri | lawan wadya ngupacara priyantaka ||

36. Kang angampil songsong bawating kaprabon | lan waos sanjata | ulêsan sangkêlat abrit | jurudêmung bo ambèr ing pagêlaran ||

315. Jurudêmung

1. Sapa sintên kang asowan | nèng ing pagêlaran nênggih | sira mantriwisesa nung | Kyai Patih Kudanawarsa | myang pra punggawa tumênggung | sinang arya pandêlêgan | kandhusuwankandhuruwan. kiwanipun ||

2. Andhaloi§ Prayoginipun / Andhamohi /. pêcattandha | dêmang rangga ngabèi iku | jajar lan para putra nung | miwah kang para santana | aglar ing paglaran wimbuh | warna-warna busananya | surêm sang Hyang Rawi kusut ||

--- 4 : 255 ---

3. Kasênênanning busana | bo ambèr sajuru-juru | maring pakapalannipun | pra mantri kang sami sowan | sampun tartamtu wong agung | ing jaman kina yèn arsa | miyosi siniwakèku ||

4. Ngungêlkên sanjata inggar | ambal kaping tiga namung | kang nyulêt bageyannipun | para nyai narantaka | punapa antawisipun | tangara mungêl sapisan | apratandha yèn sang prabu ||

5. Arsa miyos siniwaka | obah ingkang para wadu | ingkang (ng)gadhahi puniku | kawajiban cacêpêngan | ngudhunkên cêpênganipun | panah gandhewa sanjata | waos tamèng towok tulup ||

6. Yèn têngara mungêl ingkang | ping kalih obah sadarum | kawula wadyabalèku | mirantos panggenannira | rakit ing sajuru-juru | yèn amungêl kaping tiga | obah bupati tumênggung ||

7. Myang mantri kang sami sowan | kang leyangan gandhagèku | ngundurkên gêndhaganipun | kang leyangan êpokira | angundurkên êpokipun | kang lênggah ing lante samya | angundurkên lantenipun ||

8. Pratandha yèn Brawijaya§ Mriksanana cathêtan ngandhap kaca 253. Prayoginipun / Pratandha yèn Sri Jênggala /. | wus têdhak saking kadhatun | mangke kang gathita têrus | mungêl kang sanjata linggar | salêbête kadhaton gung | orêg kawula sadaya | kang samya sowan sadarum ||

9. I prikanca amêndhaka | sila braja makidhupuh | aja awor aja campur | têngaradalêm wus munya | arsa umiyos wong agung | kawula kang samya darbya | cacêpêngannya sadarum ||

10. Angudhunkên cacêpêngan | mungêl kalih têngarèku | kang sanyata linggar gur | orêg bala kwula wadya | priyayi kanca dene sru | têngaradalêm rinambah | arsa umiyos wong agung ||

11. Sakèhe kawula bala | kang sami jajar ing ngayun | amirantos prênahipun | sowang-sowang rakit tata | Patih Kudanawarsèku | kakang Mênggung pangêncanan | wontên punapa nindya-nung ||

--- 4 : 256 ---

12. PêkêniraPakênira. pirsa kakang | kang sun-jajari sadarum | tinata-a manggènnipun | ywa kalèru panggênannya | pan arsa miyos wong agung | inggih ki lurah sandika | dhawuh punapi wus atus ||

13. Ênggèh nuli kapirsa-a | kanca kabayan sadarum | prênahna kang padha ayun | anjajari manggonnira | aja na nganti kalèru | panggonanne kadi saban | mungêl malih têngara gur ||

14. Obah kwula wadyabala | kang leyangan gêndhagèku | ngundurkên gêndhaganipun | kang leyangan êpoknya | ngundurkên êpokipun | kang lênggah ing lantenya |Kurang satu suku kata: ingkang lênggah ing lantenya. angundurkên lantenipun ||

15. Tan antara kang para dyah | kakalih anyothe dhuwung | mudhun saking sitiluhur | (n)dhawuhkên timbalan nata | praptèng ngarsaning nindya nung | Ki Patih Kudanawarsa | dhawuh dalêm sang aprabu ||

16. Ijêngandika ngandikan | (ng)gèh sandika aturipun | bocah kapatiyan mêdhung | lajêng sarta mamêndhapan | kapêthuk ing pra gustiku | kerit minggah sitibêntar | miyos siniwaka prabu ||

17. Brawijaya ing Jênggala§ Prayoginipun / Lêmbumiluhur Jênggala /. | wontên siti inggil binatur |Lebih satu suku kata: wontên sitinggil binatur. rana§ Prayoginipun / rata /. ginarbêg sadarum | kang sami angganararas | lênggah ing dhampar mas murub | pinatik ing nawa rêtna | tinarètès sosotya-nung ||

18. Ujwala pindha sudama | alêlèmèk kasur alus | babut prang wêdani luhung | têka nir kamanungsannya | kadya Hyang Cakra tumurun | nganglang jagad ginarbêg dyah | widadari kang linangkung ||

19. Salênggahira dhêdhampar | Brawijaya sang Aprabu§ Prayoginipun / Lembumiluhur sang Prabu /. | ingkang sewaka sadarum | têka lêrêp sirêp samya | tidhêm pramanêm mabukuh | botên wontên prabawanya | walang salisik tan purun ||

--- 4 : 257 ---

20. GigodhonganGêgodhongan. tan obah |§ Kirang sawanda / prayoginipun / datan /. samirana tan lumaku | tan wontên swara karungu | saking ing paglaran tan lyan | swaraning abdi kang nambut | -karya ya abdi kêmasan | gêndhing pandhe cat karungu ||

21. Kadhang cat botên kapirsa§ Prayoginipun / kapyarsa /. | lawan swaraning pêksi êngkuk |§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / lan /. myang kang paksi jalak-pênyu | kang mencok nèng kajêng gurda | têka amêwahi mungguh | wingiting kang pasewakan | sintên jujulukipun ||Kurang satu suku kata: sintên ta jujuluking.

22. Ajujuluk Brawijaya |§ Ing ngriki Brawijaya sami kaliyan Lêmbu Amiluhur. Limrahipun Brawijaya punika, asmanipun raja Majapahit. Lêmbu Amiluhur raja Jênggala. iya Lêmbu Amiluhur | Brawijaya Jayèngpupuh | Anjayèngpati pêparab | ya Andewakusumèku | têgêse kang Brawijaya | kang basa Bra têgêsipun ||

23. Anyarambahi ing kathah | têgêse wi luwih langkung | jaya mênang wardinipun | wêrdinipun Brawijaya | ratu linuwih satuhu | kathah kawicaksanannya | tuwin kadikdayanipun ||

24. Lêmbu Amiluhur ika | lêmbu kang kuwasa mabur | angambah ing madya luhur | têgêse Anjayèngrana | asring mênang ing apupuh | Anjayèngpati wêrdinya | kang digdaya ing apupuh ||

25. Tur mênang arêbat pêjah | de Andewakusumèku | basa dewa pan linangkung | kusuma sêkar kang warna | adi gandanira arum | mila miyos siniwaka | Sang Prabu Brawijayèku ||

26. wontên kang ginalih mila | animbali sang nindya nung | minggah maring sitiluhur | pinandêng ing tingal dadya | tumungkul amarikêlu | kaya konjêm ing pratala | wadanane sang nindya nung ||

27. Nurwitri alon lingira | mung samantên èngêtulun | Matyasta suka lingipun | apa ana bedanira | janturanne angêdhatun | wayang gêdhog lawan purwa | inggih wontên sanèsipun ||

--- 4 : 258 ---

28. Kalamun sira kèngêtan | kadhatonan gêdhog jantur | iya saeling-elingmu | reyang kapengin miyarsa | Nurwitri anulya (n)jantur | awit jêngkar angadhatyan | dumugi ing kèndêlipun ||

29. Sabdaning pandhita nyata | pangandikaning sang prabu | tan kêna amindho wuwus | barang kang dènandikakna | sapisan tan kenging wangsul | têdhak saking ing dhêdhampar | arsa kondur angêdhatun ||

30. Sinongsongan kêrtas jênar | mubyar pinarada êbyur | para biyada gumuruh | kang sami ngampil pacara | talêmpak landheyan wargu | sinulam kancana mulya | myang waos agêm sang prabu ||

31. Kang ngampil capuri jajar | lawan gandhèk anèng ngayun | lawan pangunjukanipun | kêndhi pratala kancana | nèng bokor kancana murub | lan dhampar kancana mulya | kêbut lar manyura luhung ||

32. Munggèng kering miwah kanan | pantês tan na wingwang tuhu | Brawijaya Janggalèku§ Mriksanana cathetan ngandhap ing kaca 257. | ayun kondur angêdhatyan | lampahe lir macan angluh | lembehan korakan kontal | riyakan gajah aliwung ||

33. Ginarêbêg ing badhaya | kawan lajur sisihipun | pra wanudya ayu-ayu | kang sami endah warnanya | sajari§ Prayoginipun / sanyari /. tlapakanipun | kang samêkan têngahira | payudara mandul-mandul ||

34. Kang mlok-mêlok wadananya | rompyoh-rompyoh sinomipun | ngampil upacara prabu | sap-asta mas banyakdhalang | kukuthuk sababonipun | sawunggaling rêndhi-kidang | liman ardawalikèku ||

35. Lantaran sopal kancana | pakêcohan rukmi murub | kang cakêt ing ngarsa prabu | têka nir kamanungsannya | kaya jawata tumurun | amilanglang ing bawana | widadari grêbêg pungkur ||

36. Kèndêl ing pundi sri nata | dènnira arsa ngadhatun | kèndêl wontên madyanipun | ingkang bale sokasana | ajumênêng sartanipun |

--- 4 : 259 ---

leyangan lare wujul§Prayoginipun / wujil /. myang | nolèh kiwa têngênnipun ||

37. Sapa sintên kang atampa | sêdu malêm§ Prayoginipun / sêmu dalêm /. sang aprabu | iya nimbok Sêpêtmadu | myang (m)bok Madu-pinasthika | nêmbah gya lumajêng gupuh | dhatêng ing wana Pucangan | angaturi ing wong agung ||

38. Guruning putri wus tamat | samantên kèngêtanulun | ya Nur saka pangrasaku | cukup turut kang ukara | priye Pangawe sirèku | lah (m)bok iya angapalna | têmbe yèn ana kang ngangsu ||

39. Pangawe nêmbah turira | kajawi wontên kalaku | wêgah saking panjangipun | Sèh Matyasta malih mojar | Nurwitri yèn sira emut | jujuluking para nata | lawan patih Gambuh-ipun ||

316. Gambuh

1. Nurwitri nêmbah matur | saking rêmên dadya maksih emut | jujuluking ratu jêjêring kang ringgit | gêdhog mênggah para ratu | umpak-umpakaning katong ||

2. Brawijaya rumuhun | de wêrdinya wus kasêbut ngayun | lajêngipun punika namining aji | Mêndhangkamulan rumuhun | Jayalêngkara sang katong ||

3. Wardi sangêt satuhu | nganggit tingkah kapênêdan luhung | ratu Majapait kang sêpuh winarni | Teja-alêngkara prabu | wêrdi nguningani yêktos ||

4. Panganggit tingkah tanduk | kapênêdan Sri Tejangkarèku | têmbung wancah wardinipun sami ugi | ing Janggala Amiluhur | ing wau sampun kacriyos ||

5. Sri Kadhiri winuwus | Lêmbu Amijaya têgêsipun | lêmbu ingkang mêjahi samining sapi | ya Jayanagara èstu | lalananging

--- 4 : 260 ---

nagri yêktos ||

6. Sri Ngurawan winuwus | Lêmbu Amisani têgêsipun | lêmbu ingkang amisesa ya sang aji | Lêmbu Sangara pan lêmbu | sagêd ngambah ing toya rob ||

7. I Jayasana prabu | sagêd manggènnakên sliranipun | mangkya jujuluking ratu Singasari | Lêmbu Mangarang sang prabu | lêmbu kang sagêd basa wong ||

8. Ya Lêmbu Amêrdadu | wêrdi lêmbu kang lêmês kang alus | ya Sri Anjawantaka têgêsnèki |Kurang satu suku kata: iya Sri Anjawantaka têgêsnèki. kang digdaya ing prang pupuh | mangkya para patih gumantos ||Lebih satu suku kata: mangkya pra patih gumantos.

9. Ing Janggala prajagung | Kya Kudanawarsa têgêsipun | kuda aran titihan na awêning |Kurang satu suku kata: kuda aran titihan na iku wêning. warsa tuduh ingkang jawuh | pikir lir dhawah ing jawoh ||

10. Tur padhang rosa pêngkuh | gantya patih Kadhiri winuwus | nindyamantri Jayabadra têgêsnèki | kasagêdan pindhanipun | padhanging wulan mêncorong ||

11. Ngurawan patihipun | Jayasinga mênggah wêrdinipun | jaya mênang singa macan kajêngnèki | sagêd tur mênang apêngkuh | ing Ngurawan winiraos ||

12. Jayakacêmba èstu | winardènan bangkit awor lêmbut | miwah kasap tilas§ Prayoginipun / têlas /. namanipun patih | Ki Matyasta manthuk-manthuk | wasana ngandika alon ||

13. Pangrunguku wus dangu | unine kang bêdhug iku mau | wus sêdhênge wêktu sêmbahyang Luhur-i | prayoga ngasoa kulup | nadhah banjur wêktu Lohor ||

14. Ingkang kinèn wus mundur | maring tajug nadhah tuwin wêktu | tan cinatur ratrinya lir sabênèki | enjinge sawusnya muruk | samya nèng pandhapa (n)jagong ||

15. Matyasta lingira sun | nutugake wingi kang kacatur | janturanne wayang gêdhog waduaji | akèh kang nora kasêbut | kang padha sumiwèng katong ||

--- 4 : 261 ---

16. Cêbolang lon umatur | sawêg nêmbe ing pamyarsaulun | pangandika kang winastan waduaji | pancèn waduaji iku | sagotrah pra wadya katong ||

17. Ing jamannira dangu | nganggo winardèn lir kang kasêbut | layang Raja Kapa-kapa arannèki | Mas Cêbolang nêmbah matur | prayogi bilih kawiyos ||

18. Pantèn ing pamintamu | atut anging mung saelingingsun | blêjat-blêjat lungguh lan wêrdinirèki | lothung kanggo cagak lungguh | timbang nyatur alaning wong ||

19. Patih ingkang karuhun | wêrdi parentah iya puniku | ingkang wênang parentah§ Prayoginipun / marentah /. pra wadya tuwin | ingkang kapasrahan tuhu | pangawasa ing sang katong ||

20. Nyampurnakakên dhawuh | saolahing pranata prajèku | mangkya adipati wêrdi panggêdhening | parentah iya puniku | kang winênang ing sang katong ||

21. Tampi dhawuhing ratu | utawa kang kasèrènan iku | panguwasaning patih parentahkên yêkti |Lebih satu suku kata: pangwasaning patih parentahkên yêkti. patraping satuhunipun | bêbênêran kang sayêktos ||

22. Senapati winuwus | wêrdi amangku parentah tuhu | ingkang wênang anggadhuh pangwasa aji | pinasrahan angrèh wadu | para prajuriting katong ||

23. Mariksani wira nung | ingêr gêlaring kang aprang pupuh | anganglangi pringgabayaning ajurit | wênang lawan mokalipun | mangkya bupati rinaos ||

24. Dene ta wêrdinipun | bawahaning parentah puniku | iya iku kang winênang marentahi | bawahing pribadinipun | lawan kang bênêr sayêktos ||

25. Nampani prentahipun | saking papatihnya sang aprabu | mangkya adipati kupu wêrdinèki | adipati mardikèku | madanani wadu katong ||

--- 4 : 262 ---

26. Pradikan para wiku | pan winênang marentahkên tuhu | saolahing pranata ingkang§ Prayoginipun / pranataning kang /. agami | dene ta pakaryanipun | anglakoni kudu jegos ||

27. Sakridhaning puniku | laki-rabi apa mêsthinipun | lan bêcike têkèng sampunaningsampurnaning. jisim | wasis mutusi pamandum | têtinggalaning kang layon ||

28. Waskithèng karya rampung | ing prakara talak wasiatu | rukun waris wah trap tutulak sêsakit | amumulang amumuruk | lakuning agamaningong ||§ Prayoginipun / agamaning wong /.

29. Nupiksa sakèhipun | papan kamuksan sakaliripun | patilasan atanapi candhi-candhi | dene kawajibanipun | kudu mangêrti gumathok ||

30. Lumastarining wadu | angèstokkên ring agamanipun | istijrating nagara kudu mêruhi | sakèh agama kawêngku | bangkit nêgêsi nyuraos ||

31. Sakridhaning kang têmbung | ekal-ekal ing sajuru-juru | tinartamtu singid wardining narpati | de tumênggung wêrdinipun | dhênggung twin tatindhih yêktos ||

32. Ingkang winênang tuhu | mariksani samubarangipun | ing lêlakon ayahaning narapati | miwah kabubuhan iku | olah gagaman kang dados ||

33. Agêming sang aprabu | lawan winajiban tinartamtu | nanggung ala ambêke kancanirèki | wadana mangkya winuwus | wêrdining kang winiraos ||

34. Rai tuwin pangayun | kang winênang dadi ulu-ulu | patraping kang panggaweyan sarta wajib | dadi pangayuning laku | sadhengah pakaryèng katong ||

35. Mangkya nayaka iku | wêrdi pangirit tuwin panunggul | dene dadi pangêdhene wadya aji | winênang matah karyèku | karèrèhannya pribados ||

--- 4 : 263 ---

36. Punggawa wêrdinipun | pangayap myang pangawinan(?)pangawinan = membawa dengan cara dipegangi terus. iku | lawan têgêse manèh iku pangampil | dumadi titindhihipun | ngampil pacarèng kaprabon ||

37. Myang ngampil prentahipun | myang papatih warangkaning ratu | mangkya pangkat ariya ingkang winarni | wêrdi padhang miwah luhur | yèku santananing katong ||

38. Ingkang winênang campur | panggaweyan lan pra wadanèki | utawa pra wadana kang santana-ji | wênang sinêbut aryèku | Gurisa salinne pupoh ||

317. GirisaTeks asli: Gurisa.

1. Sinang-arya wêrdinira | sinêbut luhur sanyata | iya iku punggawa kang | winênang nunggal pakaryan | kalawan para santana | mangkya panji wêrdinira | tutunggul yèku santana | ingkang winênangkên dadya ||

2. Pangarêpe kang prawira | mangkya prameya wêrdinya | bangsa linuwih sanyata | iku bangsane kang para | gêdhe kang winênang dadya | susulih alumaksana | panggaweane punggawa | ngampil kapraboning nata ||

3. Mangkya kaliwon wêrdinya | kapiji dene winênang | tampa prentahing bupatya | utawa malih têgêsnya | kalih ewon pan kagawa | saka lungguhe duk kuna | bumi loro-èwu karya | gantya panèwu wêrdinya ||

4. Golongan dènwinênang |Kurang satu suku kata: golongan dèn winênangna. anampèni parentahan | saking ing kaliwonnira | dyan kadhawuhakên marang | golonganne pribadya | utawa maning têgêsnya | panewon§ Prayoginipun / panèwu /. kagawa saka | lungguh bumi sèwu karya ||

5. De Mantri-wêrda wardinya | mantri-tuwa iya ika | kang winênang nyêntèg dadya | panèwu kawajibannya | anampèni dhawuh saka | kapanewon samubarang | prentah saking

--- 4 : 264 ---

kabupatyan | myang pakaryan panewonan ||

6. Gantya mantri wardinira | apan linuwih utawa | sapocapan de winênang | imbal wacana kalawan | para luhur pra satriya | sarta luwiha waskitha | laku kang têlung prakara | dhingin kang ingaran nistha ||

7. Bisa anyinggahi patrap | ing laku kang tibèng nistha | de kang kapindhone madya | bisa anêtêpi patrap | ing laku kang tibèng madya | kaping têlune utama | bisa angantêpi patrap | laku kang tiba utama ||

8. Layang Raja Kapa-kapa |§ Sêrat Raja Kapa-kapa aksara Jawi-têmbang wêdalan Vogêl van dêr Heydê & Co. Surakarta 1911, Ugi kasbut ing buku "Tatanegara Majapahit" Parwa III. Prof. H. Muhammad Yamin, jajasan Prapantja. mangkene wiwijangannya | man luwih de tri têtiga | linuwih têlung prakara | ingkang dhingin iku sêtya | de têmên pangawulanya | alabuh lara pralaya | arumêksa ing sungkawa ||

9. Lawan wirange gustinya | kapindho sadu de bisa | nyarèhkên adrênging nala | gêrètèhing kang wicara | wêdi andhingini karsa | jrih mêdhar kêkêran nata | ping tri tau de uninga | sakarêntêging gustinya ||

10. Tan kasangsaya§ Prayoginipun / Tarka sangsaya /. sadaya | ing karsa lumuh manawa | rumangsa andarbènana | pangawasanya priyangga | amung ngèsthi angantêpi | kasaguhan lawan janji | gumantya arya-papati | wadana prentah kang wêrdi ||

11. Yèku ingkang pinitaya | anampani kang dhadhawah | anglakokakên parentah | de arya-tiron wêrdinya | wadana pangulat yèka | kang pinitayèng wuwulang | laku utama utawa | tinartamtu kabutuhan ||

12. Matrapake sakathahnya | pakaryan kang bênêr iku | lawan kang winênang jaga | ing panggawe mungsuh nata | de arya-leka wêrdinya | pan wadana pananggalan | yèku ingkang pinitaya | anglurahi para wadya ||

--- 4 : 265 ---

13. Kang ahli petung myang palak | pananggalan sasasinya§ Prayoginipun / sasaminya /. | de arya-jamba wêrdinya | wadana pasucèn yèka | pinitayèng (ng)lurahana | pra wadya pangulu toya | kang rêrêsik jroning pura | ngrêsiki siraman nata ||

14. Apadene pakaryanya | (m)bêciki sajroning praja | ngrawat ngrêrukti sabarang | ing sajroning dhatulaya | kang mangka kuwajibannya | atabêri amariksa | sarta tinartamtu bisa | napsir (ng)gal lawasing karya ||

15. Bisa ngrarakit ngrarêngga | bangkit mrantèni sunggata | wêruh aranne kang karsa | lumadi kanggo sunggata | kang tan tumpang-so urutnya | amamardi maring rasa | dhadharan sasaminira | ywa nganti nguciwanana ||

16. Arya-sanguri§ Prayoginipun / Arya-manguri /. wêrdinya | pan wadana pangudharan | yèku ingkang pinitaya | nglurahi kang wadya jaksa | wênang ngudhari krampungan | kang durung bênêr sanyata | kuwajiban amrayoga | ing lakune kang prakara ||

17. Apadene amêmangkat | patraping wisesèng praja | de Arya-niti wêrdinya | wadana sêtya yaika | ingkang tuhu pinitaya | anglurahi para wadya | gêdhong myang winênangêna | (ng)gêmèni kagungan nata ||

18. Kalawan amamariksa | panggaweyane kang para | among tani sasaminya | gawene nampani ika | pamêtuning desa-desa | pajêg kang dadya sanggannya | lan ngrawati kang pramatya | mêruhi lêbu mêtunya ||

19. Pangrukti pandum lan tadhah | dene ta kuwajibannya | amurih ing undhakira | pajêg pamêtuning desa | kang nora lawan rêkasa | tuwin tan gawe pituna | ing parentah lan uninga | cacah glaring bumi desa ||

20. Apadene kang pratama | panimbang etung widagda | anggêmèni kang tan nistha | de arya-kandha wêrdinya | wadana dagang yaika | ingkang kapitayèng praja | anglurahi

--- 4 : 266 ---

para wadya | sudagar de wajibannya ||§ Prayoginipun / kwajibannya /.

21. Amariksani kang samya | anglakokkên gêgramènnya | kang mêtu saka nagara | utawa ing lêbunira | gramèn saking manca praja | de Patya-tandha winarni | wêrdi amarintah tandha | yèku ingkang pinitaya ||

22. Madanani pra pabeyan | -ning bandar dharat sadaya | dene kawajibannira | anyêkêl kang panguwasa | pasar sapanunggalannya | pêcat-tandha wêrdinira | mêcat tandhaning baita | yèku ingkang pinitaya ||

23. Amadanani pabeyan | ing bandar laut sadaya | kawajibannya angasta | panguwasaning muwara | sagara sapanunggalannya |Lebih satu suku kata: sagara panunggalannya. tandha-mantri wêrdinira | mantri tandha yèku ingkang | pinitaya juru dadya ||

24. Pamupu beyaning pasar | de tandhamohi§ Prayoginipun / andhamohi /. wêrdinya | pangkating pangolah ika | kabutuhan amêmangkat | lakuning pakaryan ingkang | pancèn olah ing pakaryan | lêmbut utawa kang agal | pinatah pakaryanira ||

25. Mangkya jaksa kang winarna | wêrdi jêjênêng yaika | wadya ingkang binubuhan | angrampungi bêbênêran | samoaning kang prakara | tartamtu iku karyanya | mungguhing kuwajibannya | ngèstokakên anggêr sarta ||

26. Kiyajating kang nagara | myang rumêksa pangadilan | gandhènganne gunggungannya | karya nampani prakara | wajib mangèstokkên marang | parentah kang wus tan owah | lan murina marang praja | tunggalanne marga-tama ||

27. Gawene (m)bêciki marga | krêtêg angkruk sasaminya | kuwajibanne ywa ngantya | kêsèta tabêri§ Prayoginipun / kêsèt kang tabêri /. karya | nahên gantya kang winarna | jamba-leka wêrdinira | padhang bulan iya ika | ingkang kabubuhan dadya ||

28. Juru mriksani sabarang | myang abot mêngku wisesa | marang prakaraning jalma | olah wisaya (ng)gaota | amisaya iwak toya |

--- 4 : 267 ---

mangkya pujangga wêrdinya | mangolah mamêsu raga | yèku ingkang kabubuhan ||

29. Anganggit carita mawa | tinêmbangkên kwajibannya | mantês uruting ukara | lawan amatrapkên tata | -kramaning layang kiriman | ingkang bisa ngrakêtêna | ing arênggang sasaminya | miluta nyês krasèng nala ||

30. Mangrèh carik karyanira | nulis etung kang palastha | kuwajibane uninga | unggah-ungguhing têmbung myang | sumurup paramasastra | sarta ngêkêr wadi ingkang | tumrap ana ing mustakapustaka. | padha anandhang supata ||

31. Kalihe rêksa-pustaka | karyane rawat rumêksa | layang kang pêrlu sadaya | kwajibane mèngêti myang | nyêkêl radatanpadatan. kang kanggya | ana ing sajroning praja | sarta mingit wadi samya | Carik anandhang supata ||

32. Katri aran among-siswa | gawene mardi kagunan | kasusastran sasaminya | dene ta kuwajibannya | amardi kawruh kang mawa | cinorèk ing papan ika | anggambar sasaminira | sigêg gantya kang winarna ||

33. Panjang-jiwa winardènan | lidhah panjang yèka ingkang | (n)dhawuhakên parentahan | de ulubalang wêrdinya | pangajênging kang pacalang | yèku ingkang kabubuhan | dadya juru (ng)lakokkên srat | marang ing manca nagara ||

34. Anggandhèk nyandhik wêrdinya | yèku kang tinuduh ngêmban | timbalanira sri nata | utawa kang kabubuhan | ngrukti pranti pagantènan | mangkya kabayan wêrdinya | lantaran yaiku ingkang | andhawuhkên parentahan ||

35. Dene ngabèi wêrdinya | angimpuni dene nyata | narambahi sakèh karya | mangkya dêmang wêrdinira | cêcêkêlan bêbundhêlan | yèku ingkang kabubuhan | nyêkêl bawah padesan |Kurang satu suku kata: anyêkêl bawah padesan. utawèku kapitaya ||

36. Myang winênang mêmantêsa | panganggone para wadya | mangkya rangga wêrdinira | wawêngku tawa pangrêngga | yèku ingkang kabubuhan | (m)bêciki wêngkon bawahan | ing praja miwah padesan | wêwêngkonne sowang-sowang ||

--- 4 : 268 ---

37. Amêmangun pan winênang | sisikoning padamêlan | ing sajêroning kadhatyan | miwah ngrakit pasanggrahan | gantya mangke kandhuruwan | de wêrdine sasèrènan | yèku ingkang kasèrènan | dhawah nampurnakkên prentah ||

38. Mangkya pasêpan wêrdinya | têtêlik kang pinitaya | dadi juru wowor ganda | angingsêp-ingsêp sabarang | gantya pamotan wêrdinya | pangêmotan iya ika | kang ingandêl pinitaya | amingit wadining nata ||

39. Karêrêngan wardinira | kawingitan iya ika | ingkang pinitaya dadya | juru panganglang jro pura | kajinêman wardinira | kasidhêman iya ika | ingkang kabubuhan dadya | juru nganglang durmèng praja ||

318. Durma

1. Mangkya gantya pandêlêgan wardinira | panêngkêlan utawi | panênungan ika | kang kabubuhan dadya | juru tênung miwah dadi | juru nujuman | myang bangsa petung bincil ||

2. mangkya panglimpingan§ Prayoginipun / palimpingan /. wêrdi pêrlambangan | kang pinitaya dadi | anjuru pralambang | olah jangkaning praja | pangsingsingan wêrdinèki | pan sabarangan | kang winênangkên yêkti ||

3. Ambawahkên pra wadya kriya sadaya | êmpu pandhe maranggi | pangukir pakriyan | kêmasan myang panatah | tapêl sayang gêmblak gêndhing | puntu iyaga | tluk gêbyar wlantên gêrji ||

4. Tukang corèk panyungging lan adiwarna | mataya anung uni | gamêl lan panêgar | dene pakaryanira | bangkit amrantèn-mrantèni | sarta rumêksa | lawan bangkit nandangi ||

5. Kwajibanne wruh ing tangguh lan sikutan | dhapur lan waja wêsi | pamor bêcik ala | wangunan kang sampurna | maniti sakèhing kardi | tan kaliwatan | turanggan Rajanari ||

--- 4 : 269 ---

6. Wruh ing ukur pratamèng agêndhing raras | mataya amumpuni | wasis têmbang-têmbang | lêbda ing cacengkokan | sakèhe kang analisir | tan mawi wangwang | mancèni apatitis ||

7. Arumêksa gêmi mring wadi sadaya | de salingsingan wardi | apan salisiban | utawa salisiran | iku kang winênang nênggih | (m)bawahkên wadya | anon-anon sanagri ||Lebih satu suku kata: non-anon sanagari.

8. De panunggul utawa ran pakuluban | pamagangan kang wêrdi | yèku kang winênang | ngrèh wadya pamagangan | pangalasan wêrdinèki | juru wawanan | yèku kang dènbubuhi ||

9. Amundhuti kayu marang alas-alas | tuwaburu winarni | wêrdinira tukang | (m)bêburu iya iku | kabubuhan amèt rêndhi | myang satowana | gantya grêma winarni ||

10. Wardi-gêni kawajiban (n)jupuk wrêksa | obong myang mirantèni | gêni nèng jro wana | kirata wêrdinira | pangêtêr§ Prayoginipun / pangiter / ngitêri /. kêwajibannèki |Lebih satu suku kata: pangêtêr kwajibannèki. ngêtêrngitêr. jro wana | madik kang bangsa singit ||

11. Lawan madik anane kang satowana | pragosa kang winarni | kêthèk iya ika | golongan abdi kalang | de kalang-kamplong winarni | wêrdine kalang | anggantung manggonnèki ||

12. Winajibkên ana ing wana kewala | wisma rêranggon kadi | gubug munggèng wrêksa | kang agung singit nyata | kwajibanne tuduh margi | kang gampang miwah | pancèn gawat myang sungil ||

13. Iku kalang-kamplong kang asung katrangan | wijanging têmbung iki | kalang ubêng ika | kamplong tela gumantung | de kalangbrèt wêrdinèki | kalang sênibrat | tan dumunung (ng)gyannèki ||

14. Sak (ng)gon-ênggon anunggal ing satowana | kawajibannirèki | kalamun sang nata | yun numpu satowana | kalangbrèt kang asung uning | panggonannira | kanang satowanadri ||

15. Mangkya wuruk kusir pêdhati wêrdinya | yèku kang dènbubuhi | rumêksa titiyan | pêdhati sasaminya | yèn sri

--- 4 : 270 ---

paparèng wanadri | wuruk pinacak | datan kaparêng kari ||

16. Kanang mantri-manglima de wêrdinira | mantri manca limèki | yèku panggêdhenya | mantri manca padesan | alungguh panèwu-mantri | tumbal winarna | pupundhèn wardinèki ||

17. Iya iku kang dadi wadananira | wong padesan alinggih | mantri-panatusnya | de bubuyut jinarwa | panuwa yèku kang dadi | kamituwanya | wong padedesan sami ||

18. Lungguh mantri-panèkêt gantya winarna | adèn-adèn jinarwi | kaluwihan yèka | kang dadya guru miwah | pangulune uwong cilik | ing padedesan | lungguh panglawe-mantri ||

19. Mangkya lurah wêrdi ulu-ulu lawan | kapala wêrdi malih | pangarêping unggyan | yaiku kang winênang | dadi sisirahing kuli | lungguh paronya | mantri-panglawe nênggih ||

20. Kang partinggi wêrdi pamangkat yaiku | kang winênangkên mamrih | mamangkat pakaryan | wong cilik padedesan | lungguh saparonirèki | apangkat lurah | mangkya bêkêl winarni ||

21. Wardi ancêr-ancêr tunggul miwah têngga | kang winênangkên (m)bagi | bêcik alanira | jroning karang padesan | lungguh saparo patinggi | mangkya paragak | wêrdi tunggu utawi ||

22. Pakaryèku kabubuhan (m)bênêrana | prakarane wong cilik | sajroning padesan | lungguhe saparonya | bêkêl kang kasêbut ngarsi | sikêp winarna | parinti wêrdinèki ||

23. Iya iku wong cilik kang nyangga karya | lungguh mung saparone | kalawan paragak | de karaman wêrdinya | janma arahan utawi | anjrahan yèka | wong cilik kang tan nyanggi ||

24. Ing pakaryan mung ngandhung§ Prayoginipun / ngindhung /. nyagak sakawan | kararahan jinarwi | wong rena yaiku | tan manggon tanpa wisma | myang tanpa canthèlan kardi | uwuh basanya | de nglambrang wêrdinèki ||

25. Wong ngambara yèku jalma ingkang lunga | saparan nyambutkardi | de wong ngulandara | wêrdi ngawulèng tawang |

--- 4 : 271 ---

tanpa canthèlan lawan nir | tambang pranteyan | myang dumunungirèki ||

26. Kajabèku iya ana panunggalnya | golongan wadu-aji | pantèn aywa eram | mring sasurupaningwang | samono iku kalaning | reyang duk bocah | anèng nagri Mantawis ||

27. Mèlu ipe suwita nèng Janapuran | kaabdèkakên carik | sabên ari sowan | reyang sawuse bisa | maca atanapi nulis | kinèn rêrewang | wijile kang pakarti ||

319. Mijil

1. Têmah uning wacan warni-warni | kang dadya tyasingong | reyang nêdhak saana-anane | wusing akil balèk reyang bali | ma mring wutahrahmami |Lebih satu suku kata: mring wutah rah mami. wuwuh trêsnanipun ||

2. Rinakêt ing risang adipati | pinaringan jodho | lamat-lamat isih sêntanane | saya kandêl pangawulamami | wah sang adipati | wuwuh trêsnanipun ||

3. Reyang aningali saking batin | bangêt nora cocok | ing sabarang kang dadi karsane | reyang bèbèl matur malimpingi | minangka palupi | carita ing dangu ||

4. Nistha madya utama dumadi | nanging tan rinaos | nora enak têmbe lêgêtane | mula reyang banjur nyuwun pamit | mahas ing asêpi | anjurungi kayun ||

5. Anyênyadhang apurane Widdhi | kèhing dosaningong | daklakoni anèng gunung kene | Mas Cêbolang sawusira dêling | nêmbah turira ris | botên pisan (ng)gunggung ||

6. Namung ngungun taksih tharik-tharik | tan wontên kang mrojol | sitingangkah§ Prayoginipun / sitingarah / utawi / istingarah /. sampun tan ginawe | Sèh Matyasta mèsêm lingira ris | palaling Hyang Widdhi | sadêrma katèngsun ||

7. Dènbanjurkên kang tumrap ing jilid | ingkang kacariyos | layang Raja Kapa-kapa rêke | panji-handaka wêrdinirèki | tungguling

--- 4 : 272 ---

(n)jajawi | yèku lurahipun ||

8. Kang dadya sorsoran pangayuning | prajuriting katong | nahan wirancana de wêrdine | pan prajurit anglingan sayêkti | yèku mirawiji§ Prayoginipun / wirawiji / [mungkin maksudnya: wirariji]. | gantya kang winuwus ||

9. Wirajaya dene wêrdinèki | wirakrajan manggon | iya iku prajurit (n)jêrone | gantya wirasinga wêrdinèki | pan iya prajurit | pikuwat satuhu ||

10. Iya iku parajurit (n)jawi | gantya winiraos | singasari dene ta wêrdine | singabarong yaiku prajurit | kang rumêksa putri | biyadaning ratu ||

11. Mangkya suratani kang winarni | wêrdine rinaos | de kakêndêlaning ati rêke | kang prajurit desa kang pimilihpinilih. | Wirajanu sami | lan wirancanèku ||

12. Galèthèke amung iku kaki | iya kawruhingngongkawruhingong. | lah wis wanci lingsire têngange | sêdhêng banjur sêmbahyang Luhur-i | nêmbah kang sinung ling | alon aturipun ||

13. Dhuh sang luhung amba atur jati | barkahing kinaot | raosing tyas ulun ing samangke | wusing tampi ing pitutur jati | sumèlèh ing pasthi | narimèng tumuwuh ||

14. Sèh Matyasta waspadèng pangèksi | mèsêm lingira lon | waktu iki apan wus sêdhênge | pantèn maring Wirasaba nagri | lèrèha wismaning | Jamal ki pangulu ||

15. Ewadene pantèn lamun maksih | sênêng nèng wismèngong | iya nora nana pakewuhe | Mas Cêbolang nêmbah turira ris | yèn parênga galih | mangke bakda Subuh ||

16. Ulun lajêng pangkat saking ngriki | miturut sadhawoh | muhung nyuwun pangèstu harjane | Sèh Matyasta manthuk lingira ris | Alkamdulilahi | rabil ngalaminu ||

17. Reyang jumurung myang sung pamuji | ayuning lalakon | kang sinung ling sru nuwun ature | Mas Cêbolang miwah catur santri | samya angabêkti | wus linilan mundur ||

--- 4 : 273 ---

18. Hèh Pangawe lan kancanirèki | sesuk bubar Suboh | lamun kang ana kang sarju atine |Lebih satu suku kata: lamun ana kang sarju atine. ngatêrake reyang anglilali | ngiras tuduh margi | nanging yèn wus tutug ||

19. Talatahing Cêpaka wanadri | baliya ing kono | apan uwis narênthêng dalanne | nora gawe bingunging lumaris | nêmbah para santri | sandika turipun ||

20. Pancèn badhe nyuwun lilah sami | ngatêrkên praptèng (n)don | wit katarik saking trêsna sihe | rèhning wontên dhawuhe sang yogi | klilan mung dumugi | Capaka gya wangsul ||

21. Tan cinatur siyang praptèng ratri | sak bakdane Suboh | para santri kang yun ngatêrake | wus samakta nèng srambining masjid | Nurwitri gya mijil | lan tri rencangipun ||

22. Asung tilaran mring para santri | warata nyakêton | lawan maring pawèstri kang ladèn | winantu ring mamanis malatsih | suka kang nampèni | pujine gumrumung ||

23. Mas Cêbolang sarencangirèki | wusnya pamit bodhol | gumarubyug lir ngarak pangantèn | ing samargi-margi kang udani | tumutur umiring | èstri miwah jalu ||

24. Yèn kadalon sinipêngkên maring | dhusun tuwin dhukoh | wus rinakit pondhok sugatane | bakda Subuh gya lumaris malih | laminya nèng margi | nahan tan cinatur ||

25. Praptaning kang Capaka wanadri | ing wanci sadhawoh | samya kèndêl angling Ki Pangawe | punika (ng)gèr ingkang dènwastani | Capaka wanadri | ngalèr ngetan laju ||

26. Dumugine Wirasaba nagri | andum karahayon | mugi-mugi ing têmbe Kemase | kampir malih dhatêng ardi Wilis | Cêbolang ling aris | sakalangkung nuwun ||

27. Pinarênga de Sang Amurbèng Sih | sagêda kalakon | botên langkung ulun sadayane | sami atur salam pangabêkti | kature sang yogi | sumangga sakayun ||

28. Ki Pangawe sarencangirèki | sasalaman gupoh | ganti-ganti tan ana kang cèwèt | tandya mangkat mangidul kang mulih | sigêg tan winarni | nênggih kang cinatur ||

--- 4 : 274 ---

29. Mas Cêbolang miwah catur santri | (n)dêdêr ngetan ngalor | lumaksana nurut marga gêdhe | datan nana sangsayaning margi | laminya lumaris | apan tan winuwus ||

30. Praptèng kikis kitha wanci enjing | pasaran tumawon | kumaruwuk rame kumandhange | sinêngkakkên dènnira lumaris | praptèng pêkên pipit | mèh tan bisa (m)laku ||

31. Kagyat suka duk miyat pawèstri | anom tuwa kêmpong | amaratah samya ngangge-angge | suwêng kalung gêlang gêlang sikil | pupuran (n)jalirit | amung anèng bathuk ||

32. Kêmarange dènêmban kinardi | wawadhah tutukon | Mas Cêbolang lan catur rewange | midêr pasar umiyat kang sami | dhadhasar panarik | gagandhèngannipun ||

320. Kinanthi

1. Kang awade arum-arum | konyoh sêkar lisah wangi | adhaliyah anggrèk-wulan | andong andul okrak ikrik | argulobang jênar pêthak | noja nala nagasari ||

2. Calakêt cènggèr bang wungu | capaka cuwis cêpiring | rukêm ragina rêjasa | kalak kanigara kapi | kênikir kênanga krandhang | kalilika kêkamuning ||

3. Kasturi dalima dadu | druju drèngès dongong tuwin | dalongop dialêm dangan | tunjung trate tlutur tluki | tongkèng tanjung sumarsana | sundêl-malêm sêdhêp sruni ||

4. Sungsang soka sulastrèku | srigadhing wungu warsiki | wara-wari§ Prayoginipun / wora-wari /. lara-kêndhat | lara-wudhu landêp kuning | pacar-kuku pacar-cina | pacar banyu purbanagri ||

5. Pudhak pancasuda pulu | pancal pandul pandhan-wangi | dhawe dhadhap dhuru jlamprang | jangglêng janti mênur mlathi | mandhakaki maya-maya | gadhung gandapura gambir ||

--- 4 : 275 ---

6. Bakung blanggrèng thêkêr pupur | pilis parêm wêdhak mangir | lênga-tuwa ratus mênyan | jêruk-purut mawi warih | sapetak malih woh-wohan | jêruk kêprok kuwik bali ||

7. Pacitan adas gumulung | pêlêm lêngis pakèl kwèni | jambu kaluthuk dêrsana | klampok galar lumut-putih | klampok-arum lêgèn-klapa | bohèl mathokal karikil ||

8. Pijêtan kokosan dhuku | langsêp sêmak kleca manggis | mundhu kêcapi bêsaran | gowok sawo salak blimbing | dhuwêt kalayu siwalan | gêdhondhong bogêm talodhing ||

9. Pundhung crême blimbing-wuluh | nam-naman kamlaka slastri | kêtos katès gandaria | durèn nangka bêndha kluwih | sarangan gayam kalathak | dêgan krandhing kolang-kaling ||

10. Pisang raja kusta talun | raja-sèwu mas bêcici | kluthuk gabu maraseba | ambon wulan raja-wlingi | pulut garaita saba | cêmpa êbyar kêpok kêpik ||

11. Sinambungan wade timun | wuku watang wulan krai | bêstru ceme pareayam | ula belungan waloh tlik | bokor bligo labu lawan | sêmangka jingga myang putih ||

12. Silah kang wade bêsusu | têbu gêmbala gêmbili | linjik bêntul widarapas | uwi-lêgi abang kulit | bêras wilus cacing ula | randha-sluku mamayangi ||

13. Glêpung kêtan kunir têmu | uwi-alas padha warni | kacang-pêndhêm kênthang tela | bale rante blitung putih | gêndhurak sênggani jingga | jaran mênthik kunir konyit ||

14. Kimpul bêntil bêton arum | centhang lêmpuyangan pari | jambon bêrèt bêlo gagak | laosan tambra garigit | garut gadhung walur suwak | pohung sukuning mungkasi ||

15. Kinang rokok kang sumambung | wade crakèn anggi-anggi | jampi parêm rêracikan | sadhêg gandum dènbungkusi | myang kantun nguyup kewala | bras kêncur jram-pêcêl kuning ||

16. Êmpon-êmponing tinêpung | têmu glènyèh irêng lathi | êpoh giring puyang gajah | kapur êmprit jae sunthi | dlingo kunir putih rêta | bêngle laos kêncur kunci ||

--- 4 : 276 ---

17. Gêgodhongan uyup-uyup | tapêl bobok pupuk pilis | lisah klêntik lawan jarak | bumbon trasi cêmêng abrit | sarêm asêm brambang bawang | salam kalapa kêmiri ||

18. Kaluwak krècèk karupuk | tigan ayam bèbèk brati | têrik kênyit cêmêng pêthak | grèh pèthèk gatêl têngiri | wadal gêmbung tongkol sêlar | bandêng balur kutuk itik ||

19. Lombok cangak tampar krupuk | wudêl jêmprit ijo abrit | kapri kacang buncis kara | terong-kopèk terong-glathik | mlinjo kroto ucêng miwah | êso slèdri lobak kobis ||

20. Jalegor kangkung lêmbayung | bayêm kêmbang klenthang turi | kêmangi cambah thokolan | dhêle gudhe kacang ruji | êbung pêtung bung bêkakak | pête pêtêt jingkol pêtir ||

21. Wosèn tlasih wijèk§ Prayoginipun / wijèn /. cabuk | tempe bosok dhêle bungkil | sampêt ron kang kukuluban | wade bêras anambungi | pêthak kobêr abrit cêmpa | kêtan pêthak cêmêng mênir ||

22. Gabah têpu dhêdhak katul | pari ginèdhèng mawarni | kêtan cêmêng pêthak rêta | otèk canthêl pêthak abrit | jêwawut jèpèn myang boga | onggok pathi warni-warni ||

23. Gya wade grabah klênthing jun | gênthong wajan dandang kwali | kêkêp pêngaron jêmbangan | cuwo cowèk lèmpèr kêndhil | layan krên anglo padasan | layah cêcèlèngan kêndhi ||

24. Sinambungan wade tumbu | tenggok kêba pithi cêthing | erok-erok tenong tampah | garibigan kalo irig | ulêg-ulêg irus tepas | siwur susuk sajèn sapit ||

25. Kukusan gawangan bandhul | pikat kurungan mawarni | gribig sèsèr ilir iyan | anco jala krakat jaring | lawung ambèn galar lincak | kepang gêdhèg patangaring ||

26. Alang-alang wêlit kayu | -obong rèncèk arêng sambi | godhong pisang jati plasa | wuluh êpring rampal ori | apus pêtung wulung dênta | myang kayu balungan panti ||

27. Kang wade iwèn sumambung | ayam banyak bèbèk brati | menthok [men...]

--- 4 : 277 ---

[...thok] myang sade suku-pat | maenda maesa sapi | kapal mawi tinumpakan | kidul wetan amungkasi ||

28. Wangsul ngalèr kang sêdya wruh | myat ing para bakul rukmi | wade cundhuk kalung sêngkang | timang slepe bênik pênding | ali-ali kroncong gêlang | wade lêlêmês nambungi ||

29. Cindhe plangi gunung-guntur | solok limar polos dringin | wadeyan sawitan wiyar | ikêt kêmbên sarung bathik | gya kang wade lêlurikan | wiyar ciut bakal klambi ||

30. Sêmbagi dril kipêr kacu | êtèh gula bubuk kopi | gya kang sami kalithikan | myang dolanan rarya alit | saking daluwang suwèkan | lêmpung kayu randhu êpring ||

31. Gya wade sêtagèn bêngkung | kuningan miwah têmbaga | kêndhi cèrèt kêndhil dandang | pangaron jun kèncèng klênthing | bokor tapsirih kêcohan | cêpuk gêntha carat beri ||

32. Pangratusan canthing siwur | cakêt lawan tukang patri | tukang kulit wade lapak | sarungan ambên camêthi | sinambungan balapêcah | cakêt lan tukang dondomi ||

33. Mranggi pangukir sumambung | tukang landheyan maranggi | lêt marga lit pamanukan | wade pêksi warni-warni | sumambung wade ratêngan | papanganan amêpêki ||

34. Jagal mengsa menda lêmbu | wade cangkokan myang wiji | miwah wade tingi soga | nila ênjêt gamping jobin | sela kijing ompak lumpang | wungkal pamipisan gandhik ||

35. Jantra pangantih panênun | gya piranti amongtani | linggis pacul cucuk dhandhang | bêndho arit kudhi wangkil | pêthèl wadung pangot gobang | garu waluku mungkasi ||

36. Pandheyan têbih lêtipun | Mas Cêbolang catur santri | kèndêl ana ing pandheyan | myarsakkên gunêmirèki | ki pandhe lan jalma ingkang | ayun nyêpuhankênnyêpuhakên. kêris ||

37. Dina iki tan pakantuk | nyêpuhi gaman saliring | lawan amacak ukiran | apadene anyarungi | kudu milih dina ingkang | prayoga dimèn lêstari ||

--- 4 : 278 ---

38. Rahayu sadayanipun | agung paedahirèki | pikantuk daulat bêgja | sandhang rêjêkine mintir | tumrap kang ngangge kang (ng)garap | dene dina kang prayogi ||

39. Mung ana lima panuju | Slasa Paing Rêbo Paing | Rêbo Pon Kêmis Paing |Kurang satu suku kata: Rêbo Epon Kêmis Paing. Kêmis Pon padha prayogi | mungguh kang prayoga dhawah | ing dina Salasa Paing ||

40. Nahan ana ari catur | poma aja wani-wani | nyêpuhi nyarungi macak | dina iki Sênèn Lêgi | sedane Pangeran Sêndhang | Rêbo Kliwon amarêngi ||

41. Sedane Pangran Sêdayu | Sêtu Wage amarêngi | sedane Pangeran Wêlang | jangkêpe caturing ari | Akat Wage sedanira | Pangran Cindheamoh kaki ||

42. Dina sesuk luwih atut | nuju ari Slasa Paing | sigêg kang samya raosan | nahan ta ingkang winarni | Mas Cêbolang sarencangnya | salêbêtira kuliling ||

43. Kathah jalma kang kapencut | maring Cêbolang Nurwitri | kang arsa samya têtumbas | kalepyan samya tutwuri | dene kang samya dhadhasar | tinumbasan tan pinikir ||

44. Ninggal dhadhasarannipun | têmah ribêt kang lumaris | saking uyêle kang jalma | Cêbolang sarencangnèki | nilap nora kawistara | kèndêl nèng srambining masjid ||

45. Kang anglut pating bilulung | tita wus datan kaèksi | sami wangsul sowang-sowang | ngonggo-onggo angacêmil | marang êndi ika baya | lèrèhe wong bagus sigit ||

46. NamunNamung. kang nèm rayatipun | Kyai Pangulu Jamali | ingkang nora katilapan | kinodhol saparannèki | wus têtela dènnya raryan | anèng surambining masjid ||

47. Gêgancangan asung wêruh | marang ing lakinirèki | kyai ulun atur wikan | wontên dhatêngan ki santri | cacahipun tiyang gangsal | ambêkta tarêbang kalih ||

48. Sêmunipun santri nglangut | saking tanah kilèn kyai | sakêlangkung mêlasarsa | sami nèng srambining masjid | kajawi karsa sampeyan | prayogi dipunpanggihi ||

--- 4 : 279 ---

49. Pintên banggi yèn sarêju | mondhok nèng pangulon wajib | kiyai tan kenging selak | mancêrêng Kyai Jamali | sira iku tanpa etung | durung tamtu (n)tuk lih-ulih ||

50. Kelangane wus tartamtu | rêkasa kanggo (m)baoni | cikbèn sakarone ika | Nyi Jamali angling malih | kyai saking pamyarsèngwang | cariyose dalêm Kadis ||

51. (n)Jêng Nabi Brahim kalangkung | asih ngormati têtami | (m)botên mawi mawang jalma | utawi kula miyarsi | gotèking tyang sambiwara | niku santri ing Mantawis ||

52. Kasagêdanira mashur | rapal makna murad wasis | dhatêng raos wus sampurna | gêndhing-gêndhing amumpuni | ngèlmu singkir wus nêlas |§ Kirang sawanda, prayoginipun / ngèlmunya sikir / = sihir. kathah kang sampun udani ||

53. Criyose nalikanipun | wontên kajoran utawi | wontên krajan Paricara | talatah ing Wanagiri | angêdalakên mangunah | langkung ajaib-ajaib ||

54. Lawan sintên tiyangipun | ingkang kanggenan gus santri | wus dilalah karsa Allah | andhatêngakên rêjêki | kados pados pasugihan | mila kang sampun miyarsi ||

55. Ngucali pating bilulung | pinrih aso wismanèki | Ki Jamali duk miyarsa | ulat ajèr wacana ris | (m)bokne prakara katunan | iku nora dadi ati ||

56. Uwis dadi kwajibanku | kudu (m)bêciki têtami | sukèng tyas ling wau mila | kiyai kula-aturi | nuntên-nuntên manggihana | iya (m)bokne dimiranti ||

57. Saanane susuguhmu | mung ywa nganti nguciwani | ki pangulu gya tumindak | mring masjid agung dèniring | santri tri (m)bêkta padudan | (m)bêkta epok kang sawiji ||

58. Duk prapta taritisipun | surambi pangulu myat ing | warnanira Mas Cêbolang | ngunandika jroning ati | dudu santri sabarangan | warnane bagus rêspati ||

--- 4 : 280 ---

59. Lawan cahyane sumunu | gya minggah srambi murugi | tundhuk samya sasalaman | ki pangulu lingira ris | anak kula nilakrami | dhumatêng sang anom pêkik ||

321. Sinom

1. (ng)Gèr sintên ingkang sinambat | miwah kawijilan nguni | tanapi sêdyaning karsa | [...] |Kurang satu baris: 8i. Cêbolang namamami | dene rencangulun catur | Nurwitri Ki Saloka | Kartipala Palakarti | asal saking dhusun kabawah Mantaram ||

2. Sakawit èsthining manah | yun ngaos mring Pranaragi | nanging marga dèrèng wikan | têmah kasasar dumugi | Pacitan pantog tasik | dumadya tyasulun liwung | manut krêdyating manah | tumindaking suku kalih | tanpa sêdya pindha katiup maruta ||

3. Tan ketang bayaning marga | palaling Hyang Maha SêkciSukci. | têtêping asih kasiyan | lami-lami praptèng ngriki | kyai pangulu mami | linêpatna saru-siku | sarèhning katambêtan | kamipurun nilakrami | sinambating kang sih tuwin kalênggahan ||

4. Ki pangulu langkung eram | miyarsa têmbung mrakati | manis amamalating tyas | wasana alon dènnya ngling | ulun Kyai Jamali | pangulu satlatahipun | nagari Wirasaba | kinasih sang adipati | bilih wontên ruwêt rêntênging wardaya ||

5. Ulun kagêm sarasehan | sinorohan kang wawadi | (n)dilalah karsaning Allah | punapa saaturmami | kagêm sagêd mudhari | rupêg rêntênging tyas giyuh | dhuh ênggèr yèn sambada | sadayanya ulunpurih | kaparênga lèrèh wontên wismaningwang ||

6. Cêbolang mèsêm lingira | dhuh kyai pandoming nagri | saking ajrih bilih dadya | rêrêgêd ribêting galih | têmahan antuk sarik | tangèh lamun damêl sarju | mila panuwuningwang | kaparênga ing panggalih | ulun lèrèh wontên ing srambi kewala ||

--- 4 : 281 ---

7. Têkèng dalu enjang bidhal | pangulu datan nauri | Mas Cêbolang gya cinandhak | kinanthi tandya lumaris | rencang catur tutwuri | praptèng pangulon jumujug | pandhapa wus ginlaran | klasa batu miwah lampit | Nyi Jamali kang mudha ngrakit sunggata ||

8. Pangulu myang tamunira | wus pinarak ing pandhapi | lumadi kang pangudutan | pamucangan gantèn wangi | tinungka wêdang kopi | gêndhis têbu prêsan wêdhus | nyanyamikan mawarna | ki pangulu ngancarani | lah sumangga (ng)gèr sakawontênannira ||

9. Sunggatanipun ki bapa | prayogi dipunrahabi | mucang êsês gya gugurah | waja lajêng minum kopi | nyamikane sinambi | Cêbolang sarencangipun | ngrahabi pasunggata | kyai pangulu ngling malih | sêrêp ulun saking êmbok jêngandika ||

10. Nyaiulun ingkang mudha | cariyosipun taksih |Kurang satu suku kata: cariyosipun duk taksih. nalika wontên Kajoran | sarta wontên Wanagiri | saking kang sampun uning | para sambiwara bakul | Cêbolang mèsêm lingnya | sampun pitados pawarti | èstonipun ulun santri punggung laka ||

11. DayaipunDayanipun. mung pariman | ki pangulu anyêblèki | iyah kok sing ora-ora | èstune ulun wus myarsi | tanapi sang dipati | sring raosan maring ulun | sangêt ayun uninga | dhatêng santri ingkang nami | Ki Nurwitri lawan Kimase Cêbolang ||

12. Saking adrênging kang karsa | Gusti Allah anjurungi | mangke sabakdaning Ngisa | ingsun sowan atur uning | Cêbolang lingira ris | ulun sumangga sakayun | kadi angganing ulam | kang wus tinata nèng piring | badanulun sakanca (n)dhèrèk kewala ||

13. Pangulu nolèh mring wisma | èh rubiyah lamun uwis | (ng)gonmu ngrukti suguh nadhah | mara ladèkna pribadi | nyi pangulu gya mijil | kang tuwa ambêkta bucu | kang ênèm (m)bêkta ajang | [...] |Kurang satu baris: 8i. nyamikan lan wedang sumingkir nganan ||Kurang satu suku kata: nyanyamikan lan wedang sumingkir nganan.

14. Rampung panataning nadhah | pangulu angling mring rabi | karo padha bagèkêna | marang anakmu ki santri | ywa taha-taha sami | sanadyan nêmbe katêmu | rasaning manahingwang | wus kadi kulina lami | kang sinung ling ganti-ganti sung pambagya ||

--- 4 : 282 ---

15. Warata sarencangira | nuwun kang sinung pambagi | nyi padha mèlua nadhah | ngiras pantês angladèni | wawi (ng)gèr awêwanting | nadhah ing sawontênipun | (n)dhêku kang sinung sabda | pakantuk kang samya bukti | nyi pangulu mudha nora kobêr nêdha ||

16. Uthi (ng)ladèni Cêbolang | kalèjême mambu ati | wus dumugi cinarikan | sinungkên mring catur santri | pangulu angling aris | prayogi ngaso nak bagus | punapi mondhok langgar | punapi mondhok wismalit | kidul langgar kidul regol mèpèt dhadhah ||

17. Cêbolang alon lingira | bilih kyai amarêngi | wontên wisma lit kewala | (ng)gih ênggèr langkung prayogi | èh nyai dènabêcik | piranti lan susuguhmu | esuk wedang sarapan | suguh nadhah siyang ratri | nyi pangulu mudha ngling sampun samêkta ||

18. Ah sukur Alkamdullilah | lah mara iritên nyai | Cêbolang sarencangira | wus mundur saking pandhapi | praptèng pondhok nyukani | angsal-angsal sarêm plêtuk | têrasi gèsèk dhorang | gêrèh layur tigan pasir | ayam ati nèng bumbung myang dhèndhèng sangsam ||

19. Limang kêba jinaitan | nyi pangulu wus nampèni | santri gangsal wus ambêkta | sisi kêba angisèni | pangulu duknampèni | langkung ajaibing kalbu | sukèng tyas ngudarasa | têkane tanpa nyênyangking | nora cidra ujare wong sambiwara ||

20. Iki wujude mangunah | baya kanggo têlung sasi | nora tuku iwak uyah | nahan wancine ngabêkti | Luhur Ngasar Mahribi | atanapi Ngisanipun | Cêbolang sarencangira | amung anut Ki Jamali | bakda Ngisa sowan marang kabupatyan ||

21. Sang adipati alênggah | nèng pojok kilèn pandhapi | pangulu marêk manêmbah | ngandika sang adipati | dene ta bêngi-bêngi | kaya wigati sebamu | pangulu matur nêmbah | gusti amba atur uning | wau siang abdidalêm katamuan ||

22. Santri anama Cêbolang | sakawan rencange santri | wus katur purwa wasana | ngandika sang adipati | rêksanên kang abêcik | ywa kuciwa susuguhmu | lah wis sira mundura | nêmbah matur Ki Jamali | nuwun inggih sandika lèngsèr sing ngarsa ||

--- 4 : 283 ---

23. Sapraptanira ing wisma | awarta mring rabi kalih | ing dhawuhe sang dipatya | myang (ng)gunggung tamunirèki | têngah ratri aguling | pajar gidib samya Subuh | mring masjid lan tamunya | atanapi para santri | kacarita (ng)gènnya anèng Wirasaba ||

24. Wus lami antaranira | nanging dèrèng waktunèki | tinimbalan sang dipatya | sakèh santri trêsna asih | srasehan surasaning | kitab myang maguru ngêntrung | laguning tarêbangan | rênês cangkêm-karut mintir | asring-asring kinarya ing pakaulan ||

25. Kalamun ana pangantyan | lami tan kêpadhaning sih | kaul nanggap Mas Cêbolang | kathah santri kang umaring§ Prayoginipun / umiring /. | (n)dilalah gya lulut sih | lawan kaul sanèsipun | wus kajuwarèng prapat§ Prayoginipun / prepat / [prapat sudah benar]. | dadya kakêmbanging lathi | lamun ana kang ananggap Mas Cêbolang ||

26. Lakon saratri sadina | asal miyarsa ningali | mantuke mring pakauman | tamtu kininthil pra santri | kang samya nahên brangti | sênajan jalu kalayu | sajèn tindhih binagya | sapalih katur ing panti | kang sapalih dèndum marang santri kathah ||

27. Nahên garwaning dipatya | (ng)garbini wus sangang sasi | karaos ngêdalkên toya | tigang ari tigang ratri | ki jabang dèrèng mijil | jinaga sakèhing dhukun | iyêg lamun ambabar | raharja ibu myang siwi | puputannya animbali Mas Cêbolang ||

28. Dipati mangayubagya | jabangbayi nulya lair | raharja sadayanira | marma puputan nimbali | Ki Cêbolang Nurwitri | lawan santrinya sadarum | siyang ing kabupatyan | gêlakan anambutkardi | mangke ratri wêdhare amangun suka ||

29. Anuju wulan purnama | lir raina padhangnèki | badhe nèng wetan pandhapa | ênggènning ananggap singir | pêpak sajèn mawarni | sêkar konyoh lawan kutug | sêkul tumpêng mêgana | warna pasar amêpêki | salawate nèng sajèn salawe reyal ||

--- 4 : 284 ---

30. Rolas wadhah samya dhulang | liya ancak lawan cêthing | miwah bokor gêlas talam | sadaya dipunsasabi | sinjang sêkaran tuwin | bathik lurik lawan wulung | mangkya rukub kurungan | kang sinjang awarni-warni | padhang bulan binantonan obor samya ||

31. Myang kang saos palataran | pati§ Prayoginipun / patih /. mantri lan prajurit | pandam ting tharik tinata | dènnya lênggah sang dipati | (ng)gêdhangkrang anèng kursi | pinggir pandhapi (ng)gènnipun | canela kinêmbang mas | pantês ngagêm nyamping bathik | nagasari jinêmbangan latar pêthak ||

32. Paningsêt cindhe jobara | rasukan blah bantên asri | sêmbagya lus kapuranta | corèke kêmbang pinêthik | kotang kancing mirah brit | paniti jangga intên byur | dhuwung ganja tinatah | ing-intên mirah tulyasri | kuluk cêmêng baludru ingrendarinenda. êmas ||

33. Gumbalanya kakêtogan | sumping sêkar hèr rinukmi | abagus pupuk sêmbada | lir kalana angêjawi | ingayap para cèthi | busanendah ayu-ayu | kênya randha wulanjar | andhèr marêk sang dipati | awibawa tinarab para biyada ||

34. Miwah sasaosannira | ki adipati nèng ngarsi | kênap myang bangku cancingan | sinêrbèt putih tulyasri | ingkang angladèni |Kurang satu suku kata: ingkang anglaladèni. pawèstri samya yu luhung | wedang tèh mêmanisan | powan roti wedang kopi | anèng ngêkan sêmuwa isining meja ||

35. Sacaraning lah-olahan | gugurihan manis-manis | pêpak di-adi ingêlah§ Prayoginipun / ingolah /. | miwah woh-wohan mawarni | samya rumat cumawis | latar ginêlaran sampun | lampit agêng apanjang | (ng)gonne panjak dèn-gêlari | klasa alus ya ta ing wau samana ||

36. Mas Cêbolang ingandikan | Ki Jamali kang angirit | busanane Mas Cêbolang | baju kotang kêsting abrit | pinggir rinenda alit | nyampingira kasa wulung | sabuk putih rong kilan | kuluke bathokan sêrail |§ Prayoginipun / sêtrim /. dhêstaripun jêplakan putih rinenda ||

--- 4 : 285 ---

37. Adhuwung kêmalon abang | gayaman landheyan miling | tulange ulam minatan | mirah agênge saranti | santrine kabèh ngiring | gêdhe cilik luwih satus | wong nonton pan atusan | klêbu abdine dipati | nadyan jalma padesan kenging kewala ||

38. Pan parentah sang dipatya | bukakna manahing alit | marma wong nonton akapang | jalu èstri pipit-pipit | kinênthêng dènjagani | winatês ywa maju-maju | pan wus pêpak sadaya | sajèn sasaminirèki | saprabote Kimas (ng)gènnya badhe nyulap ||

39. Pan wus dhawuh kinèn lêkas | sandika kang dèndhawuhi | anulya nyandhak tarêbang | sapolahira rêspati | dhasar radi kinardi | apacak têrbang pinangku | ing dhêngkul (n)dhangak ladak | (m)banyarak§ Prayoginipun / (m)baranyak /. anggunungsari | adan lêkas sêkar Jawi gêndhing Lêmpang ||

TAMAT JILID IV

NYANDHAK JILID V.

--- 4 : [0] ---

...

--- 4 : [0] ---

INGKANG NGGARAP LAN NGÊDALAKÊN SÊRAT CÊNTHINI LATIN

[Grafik]

KAMAJAYA, punika sêsinglonipun Haji Karkono Partokusumo, pemimpin umum Usaha Penerbitan Indonesia sarta pangarsaning Yayasan Cênthini ing Yogyakarta.

Pangangkahipun Sêrat Cênthini ingkang isi bab sadaya Pangawikan/Kabudayan Jawi (Ènsiklopèdi Kabudayan Jawi), sagêda kawaos dening ngakathah, langkung-langkung para mudha ingkang sampun botên paham aksara Jawi, jêr dèrèng wontên Cênthini ingkang Latin jangkêp satamatipun.

Kamajaya, inggih Karkono Partokusumo lair tanggal 23 Nopèmbêr 1915 ing Surakarta, sêkolah MULO sarta Taman Guru Taman Siswa. Wiwit taksih sêkolah, sampun rêmên ngarang, wêkasan ngayahi dados wartawan nasional, rêdaktur majalah Pustaka Timur lan Mustika ing Yogyakarta (1939), lajêng 'Percaturan Dunia dan Film' ing Jakarta, ngrangkêp rêdaktur Berita Umum, sêrat kabaripun Parindra (1939-1942) wakil pemimpin rêdaksi 'Rakyat' (1945-1946).

Ing pergerakan nasional: Ketua IM Sala, Sekretaris Parindra Sala, Komisaris Surya Wirawan Jateng, Sekretaris Dep. Pengajaran Parindra, anggota PB Parindra (1936).

Ing jaman Jêpang rêdaktur harian 'Asia Raya', lajêng ing bagian pênêrbitanipun. Ing tahun 1943-1945 mimpin Sandiwara Caya Timur kalihan Anjar Asmara lan Ratna Asmara. Cariyos Sandiwara karanganipun 'Solo di Waktu Malam' kadadosakên buku (1950) tuwin film (1954). Buku karangan sanèsipun 'Sum Kuning' (1971) tuwin buku 'Perawan Desa' (1981) kaolah dados film.

Ing jaman revolusi phisik wontên ing Sala, mimpin PNI, Staf Divisi Barisan Banteng, lajêng kalêbêt staf TNI Brigade XXIV (1946-1948).

Taun 1948 nindakakên ayahan nylundupakên candu dhatêng Singapore kalihan Tonny Wen lan Subêno. Asilipun kangge wragadipun perwakilan RI ing Mancanagari, tumbas sênjata lan pêrcetakan. Sasampunipun uwal saking pambujungipun Walandi lan Inggris ing Singapore tuwin Bangkok, wangsul dhatêng Yogyakarta akhir Nopèmbêr 1949, katungka Yogya dipun jègi Walandi. Salajêngipun aktip ing politik (PNI, Akting Ketua DPRD-DIY, anggota Konstituante), ekonomi (Ketua KENSI, Konggres Ekonomi Nasional Seluruh Indonesia), sastra budaya (ngarang, cêramah, sarasehan ngantos tumut mandhegani Lembaga Javanologi/Yayasan Panunggalan).

Buku karanganipun basa Indonesia lan Jawi langkung 30 judhul. Kêkesahan dhatêng luar nêgêri: Mêsir (1958, Delegasi Ekonomi RI), Amerika Serikat (grant) lan kêliling Eropa (1959-1960), dhatêng Kuala Lumpur, Malaysia (1963), Ibadah dhatêng Mêkah 1958 (Umroh) tuwin Haji 1974.

Taun 1986 dipun sahakên dados Perintis Kemerdekaan (SK Mensos RI 3-5-1986 No. Pol/V/5/1986/PK.)