Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 5 : [0] ---

SÊRAT CÊNTHINI LATIN 5

YAYASAN CÊNTHINI YOGYAKARTA

--- 5 : [i] ---

SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS)

Yasandalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta

JILID V

Kalatinakên Miturut Aslinipun dening KAMAJAYA

[Grafik]

Penerbit: YAYASAN CÊNTHINI Yogyakarta, 1988

--- 5 : [ii] ---

Penerbitan punika dipunwragadi dening Dana Banpres S.K. No. 030/8/Th.1988 Tgl. 29-2-1988

Babon ingkang kalatinakên

Sêrat CênthiniDitulis dengan huruf Jawa.

SÊRAT CÊNTHINI

Koleksi: Balai Kajian Sejarah Dan Nilai Tradisional Ditjen Kebudayaan Dep. P dan K Yogyakarta

Hak Cipta Dilindungi Undang-Undang

Penerbit: Yayasan Cênthini

Pencetak: PT BP. Kedaulatan Rakyat, Yogyakarta

--- 5 : iii ---

PATHOKAN NGLATINAKÊN SÊRAT CÊNTHINI

Pathokan nglatinakên (transliterasi) Sêrat Cênthini kados ing ngandhap punika:

1. Dhasaring pathokan 'Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan', Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta 1977.

2. Pangalih-aksara muhung miturut aksara Jawinipun. Pramila wontên satunggal têmbung sêratanipun Latin warni-warni, kadosta:

sudigbya - sudibya;

masjid - mêsjid - masjit;

watak - watêk - watag.

3. Aksara Jawi kasêrat Latin:

caDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... c

daDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... d

dhaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... dh

jaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... j

yaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... y

nyaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... ny

thaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... th

4. Sandhangan swantên taling (e)Ditulis dengan huruf Jawa. dipunsêrat: /e/.

Swantên taling ingkang beda pamaosipun kalihan /e/, kasêrat kanthi tandha (diakritik) /è/, i.p. tumrap têmbung-têmbung ingkang kaanggêp pêrlu dipunsukani tandha, kadosta:

Èmpêr - èmpèr;

Lêmpêr - lèmpèr;

Gêgêr - gègèr.

5. Sandhangan swantên pêpêt (ê)Ditulis dengan huruf Jawa. dipunsêrat /ê/.

6. Murih runtut saha gampil panglacakipun sabên pupuh dipunwêwahi angka urut: I, II (angka Romawi) sarta pada angka urut: 1, 2 lst.

--- 5 : iv ---

7. Angka urut kaca isining buku jilid 1 angka 1 dumugi tamating jilid 1, kaca 332. Ing jilid-jilid lajêngipun sabên jilid kawiwitan saking kaca 1.

8. Migunakakên têtêngêr:

( ): kangge ngapit perangan wêwahan, kadosta: (m)botên, (ng)gèr, (n)dadosakên.

(?): têtêngêr perangan ingkang mbotên cêtha utawi ingkang risak.

[ ]: ingkang wontên salêbêting têtêngêr punika, botên pêrlu kawaos.

9. Kalêpatan ing dalêm naskah, upaminipun: /gagal/ kaparingan tandha...*) ing wingkingipun, salajêngipun ing ngandhap wontên cathêtan (footnote): prayoginipun /gigal/ = dhawah.

--- 5 : v ---

ISINIPUN SÊRAT CÊNTHINI V

Sêrat Cênthini jilid V isi 86 pupuh, wiwit pupuh 321 (pada 40) dumugi pupuh 356.

Urut-urutanipun saha gancaring cariyos kasbut jilid V wau kados ing ngandhap punika:

Mas Cêbolang dalah para santrinipun ing kabupatèn Wirasaba ... kaca 1-225

I. Bêbuka

Bêbuka ing jilid V punika nêrangakên bab: 'Sêrat Cênthini V kanthi Purwaka dening Radèn Ngabèi Ranggawarsita' ... kaca xviii-xx

II. Mas Cêbolang dalah para santrinipun ing Wirasaba

Sang adipati ngluwari nadar nanggap sulap Mas Cêbolang sasampunipun lair putranipun kanthi wilujêng dalah ibunipun. Ingkang ningali sakalangkung kathah kalêbêt para abdi tuwin sêliripun sang adipati. Mas Cêbolang bagus rupinipun, karêngga ing pangangge sarwi sae. Ing dalêm têrbangan, têtêmbangan tuwin singiran swantênipun ulêm, bêning anganyut-anyut, mila kathah sangêt para wanita ingkang gandrung kayungyun. Sêliripun sang adipati ingkang kinasih nama Jae Manis abên liring, sakalangkung kapranan.

Sulapipun Mas Cêbolang mawarni-warni damêl gawokipun ingkang sami ningali.

Wiji sêmangka katanêm sanalika thukul, sêkar, wêkasan awoh agêng-agêng. Para sêlir kasuwun mêthik woh-wohan, sakalangkung rame ndadosakên rênanipun sang adipati. ... kaca 1-11

--- 5 : vi ---

Janur kuning kasulap dados sawêr.

Wulu pêksi kalêbêtakên kurungan, lajêng dados pêksi mawarni-warni, kauculakên mabur saliwêran. ... kaca 11

Jantra kasulap dados sima anggêro; tiyang ningali sami lumajêng sar-saran, nanging Mas Cêbolang mbêngoki bilih sima botên mbêbayani, wêkasan wangsul malih dados jantra ... kaca 13

Santrinipun kabanda kêncêng, kalêbêtakên ing kurungan, wêkasan sagêd ucul piyambak. ... kaca 13-14

Mas Cêbolang kadhawuhan nyêbar udhik-udhik arta, tiyang kathah sami rêbatan arta salang tunjang saengga Mas Cêbolang dhawah kalumah dipunkakahi tiyang kathah.

Sasampunipun tontonan sulap rampung, Mas Cêbolang sakancanipun kaparingan arta 30 reyal tuwin sandhangan. ... kaca 14-15

Sang adipati kasêngsêm dhatêng Nurwitri. Ing satunggaling dintên Nurwitri tuwin Mas Cêbolang katimbalan, kadhawuhan mangangge pawèstri. Kadhawuhan têtêmbangan sinambi nginum brêm lan waragang. Sang adipati sakalangkung kapranan saengga Mas Cêbolang rinapu kadosdene wanita; gantos-gantos kalihan Nurwitri. Mas Cêbolang sagêd ngupados wêkdal liron-sih kalihan Jae Manis. Botên namung Jae Manis kemawon ingkang kapilut ing asmara. Sêlir sanès-sanèsipun, tiyang sêsemahan dumugi nyi pangulu anèm ugi kacakan Mas Cêbolang. Dangu-dangu sang adipati mirêng lan sakalangkung duka, sarta prentah supados Mas Cêbolang katukup. Sadèrèngipun kapikut Mas Cêbolang mirêng, lajêng lolos lumêbêt ing wana. Kabujung botên sagêd kacêpêng. Samangke tekadipun badhe mantuk sarta mêrtobat dhatêng ramanipun. ... kaca 16-31

--- 5 : vii ---

III. Mas Cêbolang ing rêdi Sêmèru

Nuruti pamanggihipun Ki Saloka, Mas Cêbolang dalah para santrinipun minggah rêdi Sêmèru, badhe sowan buyut Danardana ingkang kaloka bontos ngèlmunipun tuwin sampun araga-sukma. Lampahipun kanthi "patigêni" pitung dintên.

Dumugi ing pucaking Sêmèru, botên kapanggih sang buyut, pratandha botên katrimah panuwunipun. ... kaca 31-32

Nglajêngakên lampah dhatêng guwa Sigala. Tekadipun manawi botên kapanggih punapa-punapa, langkung sae nêmahi ajalipun. Para santrinipun kapurih mantuk, matur ingkang rama, nanging mbotên purun. Milih pêjah gêsang sêsarêngan. ... kaca 32-33

Sasampunipun 7 dalu ing salêbêting guwa, Mas Cêbolang sumêrap Sang Tapa, lajêng nyêmbah, wêkasan sami kaparingan têdha saking ciptanipun Sang Tapa.

Mas Cêbolang kadhawuhan mantuk dhatêng Sokayasa sarta kaparingan sumêrap, bilih ingkang rama sampun mundhut putra angkat putra putrinipun Sunan Giri, nama Jayèngsari lan Rancangkapti. ... kaca 33-34

Mas Cêbolang kawêjang bab:

Wahyu Jatmika kanthi pralambang kaca paesan ngantos bab gêgambaran wontênipun Pangeran Sêjati; bab jisim lan jasat. ... kaca 35-36

Bab mukmin linuhung i.p. ingkang botên pêgat sêmbahyangipun, kalajêngakên bab têgêsipun Islam, solat, takdir, asalipun bumi, angin, toya; bab pêjah gêsang tuwin utamining gêsang.

Mas Cêbolang langkung lêga manahipun nampi wêjanganipun Sang Tapa, wêkasan lajêng nyuwun [nyu...]

--- 5 : viii ---

[...wun]

pangèstu badhe mantuk dhatêng Sokayasa. ... kaca 36-39

IV. Ing Sokayasa, Jayèngsari tuwin Rancangkapti kapundhut putra dening Sèh Akadiyat. Mas Cêbolang mantuk

Jayèngsari tuwin Rancangkapti sampun kapundhut putra dening Sèh Akadiyat sakalihan; sakalangkung kinasihan, ginala-gala tuwin winêjang sakathahing ngèlmu.

Wanci Asar Sèh Akadiyat pinuju mêjang Jayèngsari bab:

Mati sajroning urip, urip sajronig mati. ... kaca 39-40

Dumadakan Mas Cêbolang dhatêng, lajêng sungkêm dhatêng ingkang rama. Rama ibu sakalangkung sukaning galih. Mas Cêbolang kadhawuhan sungkêm Jayèngsari ingkang sampun dados kadang sêpuhipun.

Sawatawis wêkdal malih Mas Cêbolang kanikahakên angsal Rancangkapti, tansah sih-sinihan sarta kaparingan griya piyambak.

Botên antawis dangu Sèh Akadiyat kakung putri seda. ... kaca 40-44

V. Jayèngsari, Rancangkapti tuwin Mas Cêbolang lolos

Satunggaling dintên ing Sokayasa kadhatêngan santri kalih saking Surabaya. Punika kakintên utusanipun Pangeran Pêkik ingkang ngupadosi putra-putrinipun Sunan Giri ingkang lolos (Jayèngrêsmi, Jayèngsari tuwin Rancangkapti).

Awit saking kuwatosing manah badhe kapikut dening utusanipun Pangeran Pêkik, Jayèngsari, Rancangkapti tuwin Mas Cêbolang sami tilar wisma, lumampah saurutipun Gunung Kidul mangilèn.

--- 5 : ix ---

Sasampunipun 3 dalu, lampahipun dumugi ing pucuking Gunung Lima, kapanggih pandhita Hèrcaranu ingkang sampun araga-sukma punika kapêrnah canggahipun Ki Banyubiru.

Sang pandhita paring katrangan, bilih ramanipun Jayèngsari-Rangangkapti mila dinukan dening Pangeran jalaran kapengin mêngku tanah Jawi. Mila wêlingipun, sampun ngantos sami wantun-wantun dhatêng ingkang tampi Nuringrat (Sultan Agung). Dhawuhipun Sang Tapa, kadang sêpuhipun i.p. Jayèngrêsmi taksih wilujêng nanging têbih panggenanipun. Dene Jayèngsari kadhawuhan tansah manêmbah Hyang Widhi. ... kaca 44-48

Wêkasan kadhawuhan dhêdhêkah ing Wanataka. Lampahipun kaatêr dening Sang Pandhita kanthi lampah gaib. Sami kadhawuhan nyêpêngi nyampingipun Sang Pandhita kanthi mêrêm, ngantos dumuginipun papan ingkang tinuju i.p. Wanataka. ... kaca 48-49

Dhukuh Wanataka sarwi jangkêp kanthi asramanipun, têtanêman sarwi andados kadosdene dhukuh sampun umur sawindu. Mangka sajatosipun, dhukuh wau dumados saking ciptanipun Sèh Hèrcaranu.

Supados wilujêng Sèh Hèrcaranu dhawuh sadaya kêdah gantos nami: Jayèngsari gantos dados Sèh Mangunarsa; Mas Cêbolang dados Sèh Anggungrimang, santri Buras dados Monthèl. Namung Rancangkapti ingkang têtêp, botên gantos nami.

Ing Wanataka sadaya tansah sami sêngkut panêmbahipun dhatêng Gusti Kang Maha Kawasa. Botên dangu para kulawarga ing Sukayasa sami nusul dêdunung ing Wanataka ngantos dados

--- 5 : x ---

dhukuh ingkang rame karta raharja. ... kaca 51

VI. Jayèngrêsmi nilar Karangkagêngan, Bantên, ngupadosi adhi-adhinipun. Naminipun kagantos dados: Sèh Amongraga

1. Putra pambajêngipun Sunan Giri ingkang lolos nali, pêrang-Giri, suwita dhatêng Ki Agêng Karang, sangêt kinasihan, winêjang sakathahing ngèlmu agal alus. Sasampunipun katingal mumpuni, dening Ki Agêng namanipun kagantos dados Sèh Amongraga. Santri kalih pandhèrèkipun Gathak Gathuk kagantos dados Jamal Jamil.

Sèh Amongraga pamit badhe ngupadosi adhi-adhinipun. Ki Agêng ngandika bilih adhinipun (Jayèngsari) sampun angsal kamulyan agung, timbang kalihan Sèh Amongraga, jalaran gurunipun ugi nate rawuh ing Karang, malah tunggil guru kalihan Ki Agêng, ewadene dèrèng sami kalihan ngèlmunipun Sèh Amongraga. Ki Agêng botên karsa mbèbèrakên dunungipun adhinipun, namung Sèh Amongraga kadhawuhan dhumatêng Wanamarta ing kidulwetanipun Giri Maja, papan dunungipun Ki Bayi Panurta ingkang sampun jumênêng gurunipun para bupati ing Bang Wetan. ... kaca 51-52

2. Dhawuhipun Ki Agêng Karang, Ki Bayi Panurta kagungan putra-putri nama Kèn Tambangraras. Bilih kataros, Sèh Amongraga kandhawuhan miturut dhaup kalihan Tambangraras. Punika sagêd dados jalaranipun Sèh Amongraga kapanggih adhi-adhinipun, nanging kêdah tansah lampah matiraga. ... kaca 53-54

Lampahipun Sèh Amongraga kadhèrèkakên Jamal-Jamil mampir Maledari ing rêdi Gora, kapanggih Buyut Wasi Bagêna, gurunipun para bêkêl dhusun. Ki Buyut kagungan putra putri

--- 5 : xi ---

kalih, nama Kèn Pangliring tuwin Rara Sumêkar, sami ayu rupinipun, lêbda dhatêng kitab Kur'an. Kalihipun ing batos kapengin dados semahipun Sèh Amongraga.

Ki Buyut dalah semahipun sual-jawab kalihan Sèh Amongraga: ... kaca 54-62

1. Bab panggenanipun Hyang Agung ing gêdhong Rêtna Adiluhung; sarining lair-batin - loro nanging tunggal; kawruh kasukman, kanugrahan jati.

2. Bab têgêsipun sunat lan pêrlu, kuwajiban ulah batos; Pangeran lan kawruh atunggil ênggèn. ... kaca 63-68

Sèh Amongraga kadhèrèkakên Jamal Jamil nglajêngakên lampah dumugi ing dhukuh Andong Tinunu lèr-wetanipun rêdi Sindara, kapanggih pandhita wadad Sèh Sukmasidik. Putra èstrinipun anggènipun manggih, nama Rara Mêgatsih. Botên purun palakrama kajawi kalihan priya ingkang sagêd ngawonakên bantah ngèlmu. ... kaca 69-70

Sèh Amongraga tuwin Sèh Sukmasidik rêrêmbagan bab: Asal-mulanipun jagad sarta pundi ingkang wontên langkung rumiyin; katrangan bab Datulah kanthi paprincènipun. ... kaca 71-78

Seh Amongraga sual-jawab kalihan Rara Mêgatsih bab: roh-ilapi, budi lan napsu, jlèntrèhipun napsu amarah, aluamah, mutmainah tuwin supiyah; budi awon sae; babaring rahsa jati. ... kaca 79-81

Rara Mêgatsih rumaos cumêplong manahipun ngantos dangu kèndêl tumungkul. Sèh Sukmasidik karsa anjodhokakên Rara Mêgatsih kalihan Sèh Amongraga, nanging sang lêlanabrata namung nyagahi bilih sampun sagêd kapanggih adhi-adhinipun ... kaca 82

--- 5 : xii ---

VII. Sèh Amongraga dumugi ing Wanamarta, Ki Bayi Panurta saputranipun sami anggêguru Sèh Amongraga ingkang wêkasan kadhaupakên kalihan Nikèn Tambangraras.

1. Lampahipun Sèh Amongraga dumugi sacêlaking dhukuh Wanamarta angsal katrangan saking santri Nuripin bab Ki Bayi Panurta ingkang mandhegani pêsantrèn agêng ing Wanamarta, pêputra tiga.

Pambajêngipun èstri nama Nikèn Tambangraras, ayu pintêr sarwi sêmbada. Botên karsa emah-emah kajawi kalihan priya ingkang unggul ngèlmunipun.

Putra angka kalih nama Jayèngwèsthi, semahipun nama Turida. Putra wuragilipun Jayèngraga, semahipun wasta Rarasati. ... kaca 83-86

Sasampunipun sipêng sadalu ing griyanipun Nuripin, Sèh Amongraga kadhèrèkakên dhatêng Wanamarta. Kawontênan samargi-margi tansah ngrêsêpakên: têtanêman, woh-wohan sakalangkung pêpak dumugi sawarnining ulam lss. Griya-griya sae mratandhani panggêsanganing tiyang sae, sarwi cêkap. Griya sae-sae, kadosta griyanipun pêngulu Basarodin, para rayinipun Ki Bayi Panurta wasta: Kulawirya, Wiradhustha, Panuksma tuwin Panamar. Samargi-margi swantênipun pêksi ingah-ingahan mawarni-warni. Ugi kapirêng gamêlan angrangin.

Sadaya wau mratandhani bilih Wanamarta gêmah ripah karta raharja, dipun-pandhegani ahli agami ingkang agêng prabawa lan panguwaosipun.

Gêsangipun para putra sami memba para luhur Jawi, inggih tatarakitipun dalêm, pangangge dumugi sêlir kalangênan. ... kaca 86-107

--- 5 : xiii ---

2. Jayèngwèsthi dhatêng ing griyanipun ingkang rayi Jayèngraga, rêrêmbagan bab-bab kasênêngan lan kanikmatan mawarni-warni sinêling dhawuh maos kitab Asmarakandhi dening Jalalodin. Kasusul dhalang Crêmasana suluk kairing gamêlan. Jayèngsari mriksani kitab suluk Kadim tuwin Bayan-maot. Priksa kêmiri ing kanthong bludru Jayèngwèsthi ngèngêtakên ingkang rayi sampun kalajêng-lajêng rêmên dhatêng pêpaesan, langkung prayogi ngudi sampurnaning tekad dhatêng kasidan. ... kaca 107-115

3. Sèh Amongraga kapanggih Jayèngwèsthi tuwin Jayèngraga. Rêrêmbagan bab ngèlmu kadosdene anjajagi gêgêbênganipun Sèh Amongraga. Sang tamu ananggapi.

Bab kautamaning ngèlmu punika bilih botên gèsèh kalihan tanggaping kalbu.

Soal jawab bab nalika taksih awang-uwung dèrèng wontên bumi langit ing pundi dunungipun Allah.

Punika kasêbat: "La-takyun-kun".

Sadèrèngipun: nukat gaib, wilayat, gaibulguyub gaib-uluwiyah, kawontênanipun botên katingal. ... kaca 115-132

Amongraga nêrangakên bab sarengat, tarekat, hakekat tuwin makripat, dalil, hadis, ijêmak, sidik amanat tablig sarta gêgêbênganipun agami Islam dumugi pucaking ngèlmu kasampurnan.

Jayèngwèsthi tuwin Jayèngraga kawêjang ngèlmu raos saengga rumaos cumêplong padhang manahipun. ... kaca 133-137

Sèh Amongraga ngimani solat Subuh, solatipun sakalangkung têrtib pantês dados têtuladan, pasugatan tansah lumintu, ucal-ucalan mawarni-warni, nanging dhaharipun Sèh Amongraga namung [na...]

--- 5 : xiv ---

[...mung] sakêlangkung sakêdhik. ... kaca 138-145

4. Sèh Amongraga kasowanakên dhatêng Ki Bayi Panurta ingkang pinuju wontên ing langgar mucal ngaos; putra putrinipun Nikèn Tambangraras ingkang sulistya rinêngga ing busana, nanging têbih dhatêng priya, ugi mucal ngaos ing langgar wau. Bapa tuwin putra putri sami dèrèng pitados dhatêng kalangkunganipun Sèh Amongraga sanadyan santri asal Karang ing tanah Bantên.

Ki Bayi Panurta manggihi Sèh Amongraga. Nyai Malarsih garwanipun Ki Bayi kadhawuhan tumut manggihi tamu wau.

Nikèn Tambangraras nginjên saking sawingkinging gêbyog, sumêrap tamu ingkang susila anoraga angrêsêpakên, ing batos kapranan, kados-kados sandika nglampahi dados jatukramanipun. ... kaca 146-148

Sasampunipun sami solat lan dhahar kêmbul, Ki Bayi Panurta rêraosan bab ngèlmu kalihan Sèh Amongraga. Bab curiga manjing rangka; rangka manjing curiga; wardinipun malaekat, nabi, wali, mukmin kas, cahya, mukjijat mangunah, kramat sadaya wontên ing badan.

Ki Bayi Panurta kawêjang dening Sèh Amongraga bab gaibipun Gusti Allah saengga padhang tarawangan manahipun, paham sawarnining alam: kamil, misal, ajêsan, alam arwah. Ki Bayi Panurta rumaos kaluhuran dening Sèh Amongraga saengga nangis sêsênggukan. Sadaya wêjangan botên kenging tumrap Nyi Malarsih, semahipun Ki Bayi. Nikèn Tambangraras tuwin ibunipun sarta cèthi abdinipun wasta Cênthini sami nginjên, mila sumêrap sadaya lampah-lampahing wêjangan. ... kaca 162-165

Nikèn Tambangraras ing batos kayungyun dhatêng Sèh Amongraga, wêkasan namung nalangsa [nalang...]

--- 5 : xv ---

[...sa] sarta nangis sêsênggukan. Ibunipun prihatos lan sadaya katur Ki Bayi. ... kaca 165-167

Lajêng kasambêt bab utamining kêlakuwan kêdah pana dhatêng dat, sipat, apngal dumugi tekad pungkasan, i.p. sarengat tuwin makripat.

5. Dhaupipun Sèh Amongraga kalihan Nikèn Tambangraras.

Ki Bayi Panurta rêmbagan kalihan putranipun kêkalih bab Nikèn Tambangraras prayogi kajodhokakên kalihan Sèh Amongraga. Kasuwun Ki Bayi sajarwa dhatêng Sèh Amongraga, wasana sasampunipun ngaturakên sêjarahipun wiwit bêdhahipun Giri, Sèh Amongraga nayogyani kanthi panyuwun paningkahipun sampun andhatêngakên suka-suka. Ki Bayi Panurta sakulawarga sami sukur. Nikèn Tambangraras suka ing manah.

Ki Bayi Panurta paring pitutur dhatêng Nikèn Tambangraras bab utamining wanita winêngku ing priya. ... kaca 168-175

Ki Bayi Panurta paring dhawuh dhatêng rayi-rayinipun bab anggènipun amiwaha dhaupipun Nikèn Tambangraras kalihan Sèh Amongraga. Pamiwaha tanpa suka-suka pinanggih ewuhaya, jalaran putra putri namung satunggal, nanging calon pangantèn kakung botên kêrsa pinahargya kanti suka-suka.

Mila namung badhe kawaradinakên sadhusun, botên ngaturi para priyayi ing nagari. ... kaca 175-178

Tumindakipun pahargyan prasaja botên siwah kalihan limrahipun tiyang gadhah damêl mantu: griya kabladhah, tarup jangkêp kanthi petang, sajèn, kêmbar mayang lss. Kathah tiyang ingkang tinanggênah ngrampungakên ubarampenipun mantu.

--- 5 : xvi ---

Nyi Malarsih kajawi siyaga pasêgahan, ulam-ulaman kanthi mragad maesa, ayam, banyak lss., ugi nata patanèn pinajang sarwi endah. Bingahing manahipun amarwatasuta wêkasan nangis mèwèk-mèwèk, lajêng sêmaput, dipun pituturi Kyai Bayi kathah-kathah. ... kaca 179-184

Ing griyanipun Jayèngwèsthi, Sèh Amongraga paring kêtrangan bab tekat Kadariyah tuwin Jabariyah ... kaca 185-187

Malêm midadarèni kathah tamu jalêr èstri ing dalêmipun Ki Bayi Panurta rêmbagan kalihan Ki Sêmbagi bab Pasatoan laki-rabi. Sanèsipun sami lêlênggahan sinambi main catur, wong-wongan, omong-omong, dêdongengan, lêlucon tuwin umyung minangka sarananing wungon. Têrbangan kanthi singiran Jawi lss. ... kaca 188-190

Ing griya wingking jêjagongan para wanita. Anèm sêpuh sami rêrêmbagan mawarni-warni, wontên ingkang nyariosakên pêngalamanipun kawêngku priya makaping-kaping, tumanduking sanggama kapisan dumugi bab-bab cêrêmêdan engga langkung gumêr swantênipun gajênggayêng. cêkikikan. ... kaca 196-202

Sabibaripun dhahar lajêng têrbangan singiran lan emprak sinêling lêlucon gêr-gêran, kanthi ronggèng lare jalêr dados èstri sakalangkung damêl sênêngipun ingkang ningali, langkung-langkung emprak kanthi sihir (sulap) angedab-edabi. Kasambêt gamêlan angrangin rinêngga ing swantên nganyut-anyut tuwin jogèdipun ronggèng malêtêr, saya dalu saya ngangsêg emprak jêjogedan. Sasampunipun têngah dalu sami pindhah ing griyanipun Jayèngraga ingkang mandhegani jêjogedanipun, damêl sêngsêmipun ingkang ningali. ... kaca 203-220

--- 5 : xvii ---

Sasampunipun bibaran Jayèngraga tilêm ing paningrat anganthi ronggèng kalih ingkang kadhawuhan ndongèng pêngalamanipun dipun gandrungi têtiyang jalêr.

Wêkasan ronggèng angladosi Jayèngraga dumugi ubaling nafsu sahwat. ... kaca 220-223

Enjing, ing dalêmipun Ki Bayi Panurta para rayi kadhawuhan ngrampungakên tatarakit badhe paningkahipun Sèh Amongraga, para putra kadhawuhan ngirid pasowanipun Sèh Amongraga kanthi pangiring saprayoginipun. ... kaca 224-225

--- 5 : xviii ---

BÊBUKA JILID 5

SÊRAT CÊNTHINI PÊTHIKAN (Pisungsung)

Ing 'Prawacana'-nipun Sêrat Cênthini Latin jilid 1 kaca V sampun katêrangakên wontênipun Sêrat Cênthini Pêthikan kados ing ngandhap punika:

Ing ngajêng sampun kaaturakên bilih Sêrat Cênthini Latin wêdalan Bêtawi tahun 1912 punika 'pêthikan', mila botên jangkêp kadosdene aslinipun. Dene larah-larahipun: Sinuhun Pakubuwana VII (1830-1855 M) dhawuh nêdhak Sêrat Cênthini asli jilid 5 dumugi jilid 9. Ing jilid 5 kadhawuhan nambahi 'bêbuka' dening pujangga Radèn Ngabèi Ranggawarsita. Bêbuka wau arupi sêkar Dhandhanggula 17 pada tuwin Sinom 1 pada, kanthi sêngkalan 'Tata rêsi mulang janma', taun Jawi 1785.

Sêrat Cênthini 'pêthikan' mawi 'bêbuka' wau kapisungsungakên dhatêng Raja Walandi. Dumugi sapunika kasimpên ing Universitas Leiden, nagari Walandi. Sêrat pêthikan wau katêdhak dening 'Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschahppen'. Lajêng kawêdalakên aksara Latin ing Bêtawi. Sadèrèngipun kacetak, kataliti dening Radèn Ngabèi Suradipura, Radèn Prawirasuwignya tuwin Radèn Wirawangsa, sarta dipunsukani 'Katrangan minangka bêbuka' dening Radèn Mas Arya Surya Suparta, jurubasa Jawi ing Surakarta ingkang têmbenipun jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII (1916-1944) ing Surakarta.

Sêrat Cênthini Pêthikan wau ugi kasêbut Sêrat Cênthini Pisungsung, inggih punika pisungsungipun Sinuhun Pakubuwana VII dhatêng Raja Walandi. Dene pisungsung wau saèstunipun sanès Sêrat Cênthini jangkêp 12 jilid, nanging namung kapêthik jilid 5 dumugi 9.

Punapa sababipun dene ingkang kapisungsungakên wau namung pêthikan ing têngah, botên wontên katrangan ingkang gumathok, [gu...]

--- 5 : xix ---

[...mathok,] kajawi namung nyatanipun pêthikan wau isi bab-bab carêmêdan.

Sêrat Cênthini Pisungsung wau dumugi sapriki sumimpên ing Perpustakaan Universitas Leiden (Cod. Leiden 1814), Nederland. Inggih Sêrat Cênthini Pisungsung punika ingkang kawêdalakên aksara Latin dening Koninklijke Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen, cetakan Firma Ruygrok & Co, Bêtawi nalika taun 1912, kaperang dados 4 buku, sabên buku isi 2 jilid.

Awit saking kaparêngdalêm Sinuhun PB VII Sêrat Cênthini Pisungsung wau kaparingan Bêbuka. Ingkang kadhawuhan anggubah Bêbuka wau pujanggadalêm R.Ng.Ranggawarsita, arupi: 1 pupuh sêkar Dhandhanggula 17 pada tuwin sêkar Sinom 1 pada.

Dene isinipun Bêbuka wau: ringkêsan cariyos Pêrang Giri, lolosipun putra putri ing Giri ingkang botên nunggil lampah. Jayèngrêsmi kadhèrèkakên santri Gathak Gathuk; Jayèngsari tuwin Rancangkapti kadhèrèkakên santri Buras. Kasambêt lêlampahanipun putra pandhita ing Sokayasa nama Mas Cêbolang ingkang kesah kadhèrèkakên santrinipun sakawan. Kalakuwanipun Mas Cêbolang ambalunthah rêsah ing bab pawèstri saengga kinêpang ing Sêdayu jalaran ngrêmêni bojoning santri, nanging sagêd lolos dumugi ing Daha. Kondhang kasagêdanipun lêlangên kêntrung kanthi bêksan ronggèng. Gandês luwês kados pawèstri saèstu ngantos kathah ingkang gandrung wuyung. Kêntrung kanthi ronggèng wau asring dipunsuruhi kangge ngluwari ujar, nanging tiyang alit botên sagêd nanggap jalaran kathah wragatipun. Akiripun dumugi cariyos Mas Cêbolang dalah para santrinipun katimbalan dening kangjêng bupati Wirasata, ngluwari ujar-kaulipun kagungan putra wilujêng dalah ibunipun.

Cariyos ing nginggil punika sadaya sampun kawrat ing Sêrat Cênthini baku jilid 4 ingkang pungkasanipun pupuh 321 sêkar Sinom pada 39.

--- 5 : xx ---

Mila murih cêthanipun Bêbuka-Ranggawarsitan ing jilid 5 punika (Dhandhanggula 17 pada tuwin Sinom 1 pada) kacetak mawi aksara miring (cursief) lan botên dipunsukani angka urut pupuh.

Pupuh 2 sêkar Sinom pada 2 ing jilid 5 punika sambêtipun jilid 4 pupuh 321 (pada 39) mila pada wiwitanipun angka 40.

Wasana mugi andadosna kauningan.

Yogyakarta, 10 Agustus 1987

YAYASAN CÊNTHINI

Kamajaya

H. Harkono K. Partokusumo

Ketua

--- 5 : 1 ---

DHANDHANGGULA

Pupuh Dhandhanggula 17 pada sarta Sinom 1 pada ing ngandhap punika sêsêlan karanganipun R. Ng. Ranggawarsita kados katrangan ing ngajêng. Sêsêlan wau kacetak miring lan botên mawi angka pupuh.

1. Purwaning reh manising palupi | Rêspatyenjang nujwa gathitastha | Ruwah ping tigalikure | ing Dal mangsa Kasèku | sinêngkalan Atata rêsi | apan Amulang Jalma§ Candrasangkala: Tata Rêsi Mulang Jalma = 1785 taun Jawi.

| nênggih kang dhinapur | amarna rikang carita | duk prang Giri awusana soring jurit | têmah kithane bêdhah ||

2. Sarusaking wau kithèng Giri | (n)Jêng Pangeran Pêkik kang ambêdhah | garwa putra sadayane | binoyong mring Matarum | tapis rajabrana ing Giri | tuwin kang rajakaya | binêktèng Matarum | wadya lit rusak jinarah | kunêng wontên putra sing ampeyan katri | apan atunggal rena ||

3. Ingkang sêpuh wasta Jayèngrêsmi | wontên malih arinipun priya | Jayèngsari panêngrane | kalih samya abagus | apan sami jatmika kalih | pan samya ahli tekat | ing ngèlmi takabul | warujunipun wanudya | apaparab wau Nikèn Rancangkapti | warna ayu utama ||

4. Cinatur duk bêdhahirèng Giri | putra têtiga wau punika | sami nis tilar prajane | wong Mataram datan wruh | mring putra tri dènnya lumaris | sami arêbat gêsang | ing purug tan ngumpul | kalangkung kawêlasarsa | pan mangilèn parane dyan Jayèngrêsmi | kêkalih rencangira ||

5. De kang rayi Radèn Jayèngsari | apan mangetan ing lampahira | tan pisah lawan arine | Kèn Rangcangkapti wau | dahat dening kawêlas-asih | panakawane juga | Buras wastanipun | panakawane kang rama | datan pisah sapurug dènnya lumaris | sajuga ingkang milya ||

6. Kêkinthil tan kêna sah lan gusti | pan pun Buras kang abdi

--- 5 : 2 ---

wastanya | kacatur wau lampahe | langkung kawêlas-ayun | Rancangkapti anggung anangis | ingkang raka sangsaya | pucaking tyas pupus | tumingal ing arinira | kinèn (ng)gendhong mring pun Buras ingkang abdi | yèn sayah ginêntenan ||

7. Pan wus ilang wanguning priyayi | yata radèn ngangin-angin warta | yen (n)Jêng Sultan ing karsane | têntrêm tan karsa anglut | mring sêntana putra ing Giri | kang sampun tan kacandhak | kang anis rumuhun | radyan eca ing tyasira | yata mulat sêmana ningali wukir | langkung asri kawuryan ||

8. De wit-witan anganggrang nèng nginggil | taru gêng-gêng kang apuyuh dênta | amêpêti sawarnine | ingkang pala gumantung | tuwin sêkar-sêkar mawarni | ran wukir Sokayasa | dene kang pilungguh | sang pandhita Anggungbrangta | ingkang tumut wisma rong desa watawis | sami sêntananira ||

9. Kasub lamun pandhita linuwih | nênggih Kyai Gêdhe Anggungbrangta | buntas ngiwa panêngênne | kathah wong agung-agung | ingkang samya angalap ngèlmi | darbe putra satunggal | jalu tur binagus | nanging dèrèng mawi krama | duk timure kang rama sinung kêkasih | Mas Ngali nging tan karan ||

10. Sarêng diwasa dipunparabi | mring kang rama kae Mas Cêbolang | katêlah diwasa ranne | nanging pugal kêlangkung | nora kêna bathuk kalimis | langkung dening (m)bêlasar | mring panggawe dudu | kathah prawan lan somahan | wong ing ngare tan gothang ing siyang ratri | minggah marang aldaka ||

11. Panggih lawan Mas Cêbolang sami | mring pondhoke rinewangan cumban | pan wus sinung wismèng dhewe | lèring wisma ramèku | yen mring ngare rama marêngi | ana wong angon menda | maesa lan lêmbu | rencange kinèn sung sêga | lan gagudhêg§ Prayoginipun: gadublêg / kados ing pada 12.

winor lan kacubung sami | kang sinungan tan nyana ||

12. Lamun gadublêge dipunmori | sawusira mangan nulya niba | dene lêmbu sakathahe | lan mendane jinupuk | niji-niji nora katawis | praptèng wisma pinragat | dinum santri agung | winartan [wi...]

--- 5 : 3 ---

[...nartan] (ng)gènnipun tumbas | apan asring kang rama sinrêg ngilèni | mring kang darbe maesa ||

13. Nora mantra putra pandhita di | pan wus surup ngèlmu kasampurnan | prandene dènmamah bae | langkung sèwu (n)dalurung | kang rama gung dènnya (n)dukani | tinundhung pinêlalah | (m)bêktèng santri catur | wus sadasa wulan kentar | anuruti dènnya pralènthe sayêkti | ngumbara (m)barang trêbang ||

14. Wus anurut tanah ing pasisir | malah wus bêngang ping pira-pira | saking kêkathahên ronggèng | nèng Sidayu kinêpung | andhêmênni bojoning santri | kesah maring ing Daha | mondhok wismanipun | Ki Jamal pangulu Daha | dhasar kathah santrinira Ki Jamali | Ki Jamali sru bungah ||

15. Mring sang prapta wus sinung wismèki | santrinira Ki Jamali samya | mring kang prapta langkung sihe | arênês cangkêm karut | yèn kalane dipunsuruhi | ginawe pakaulan | pangantèn tan atut | kaul nanggap Mas Cêbolang | yèn lumampah kantos kathah santri ngiring | santrine dhewe papat ||

16. Bêbêktane duk kesahe nguni | mung punika kang ginawe tandhak | kapat parigêl bêksane | tur wong wus samya surup | lamun ronggèng lanang sayêkti | prandene nèng kêrêngan | kwèh suduk-sinuduk | nênggih wong lakon sadina | yèn miyarsa Mas Cêbolang dènsuruhi | dhangan pra samya prapta ||

17. Nanging wong cilik datan kuwawi | anyuruhi marang Mas Cêbolang | saking tan kêlar opahe | langkung gung sajènnipun | yèn têbasan rong puluh anggris | marma arang kang kêlar | nanggap sabab agung | lan bêktane santri kathah | yèn wong cilik arang kêlar angingoni | dhangan nonton kewala ||

Sinom

1. Yata anuju sêmana | bupatine darbe kardi | puput dènnya darbe putra | duk kala garwèng nyakiti | dhukun kathah samya ngling | sok lujênga darbe kaul | ngundang Kimas Cêbolang | mangka rahayu marmaning | animbali marang panjak Mas Cêbolang ||

--- 5 : 4 ---

Sasampunipun sêsêlan utawi tambahan dening R. Ng. Ranggawarsita ing nginggil, lajêng nyandhak ngandhap punika ingkang sambêt kaliyan Sêrat Cênthini jilid IV. Mila miturut aslinipun sambêtan punika pupuh:

321. Sinom

40. Anuju wulan purnama | lir raina padhangnèki | badhene wetan pandhapa | ênggènne ananggap singir | pêpak sajèn mawarni | sêkar konyoh lawan kutuk§ Prayoginipun / kutuq /. | sêkul tumpêng mêgana | warni pasar amêpêki | salawate nèng sajêng salawe reyal ||

41. Rolas wadhah samya dhulang | liya ancak lawan cêthing | miwah bokor gêlas talam | sadaya dipunsasabi | sinjang sêkaran warni | bathik lurik lawan wulung | myang karukub kurungan | kang sinjang mawarni-warni | padhang bulan binanton obor sasanga ||§ Prayoginipun / binantonan obor sanga /.

42. Myang kang saos pêlataran | patih mantri lan prajurit | pandam ting parik tinata | dènnya lênggah kyai dipati |Lebih satu suku kata: dènnya lênggah ki dipati. ngêdhangkrang anèng kursi | pinggir pêndhapi (ng)gènnipun | cênela kinêmbangan | pantês ngagêm nyamping bathik | nagasari jinêmbangan latar-pêthak ||

43. Paningsêt cindhe jo bara | rasukan blah-bantên asri | sêmbagya lus kapuranta | corèke kêmbang pinêthik | kotang kancing mirah brit | pêniti jangga intên byur | dhuwung ganja tinatah | ing intên mirah tulya sri | kuluk cêmêng baludru rinenda ing mas ||

44. Gumbalanya kêkêtugan | sumping sêkar hèr rinukmi | abagus pupuk sêmbada | lir kêlana angêjawi | ingayap para cèthi | abusanendah yu-ayu | kênya randha wêlanjar | andhèr marêk ki dipati | awibawa tinarap para biyada ||

45. Miwah sêsaosanira | ki adipati nèng ngarsi | kênap lan bangku cancingan | sinêrbèt putih tulya sri | ingkang anglaladèni | pawèstri samya yu luhung | wedang tèh mêmanisan | puwan roti wedang kopi | anèng ngêkan sêmuwa isining meja ||

--- 5 : 5 ---

46. Sacarane lah-olahan | guguriyan manis-manis | pêpak di-adi ingolah | miwah woh-wohan mawarni | samya rumat cumawis | latar ginêlaran sampun | lampit agêng apanjang | (ng)gonne panjak dèn-gêlari | klasa alus yata ing wau samana ||

47. Mas Cêbolang ingandikan | Ki Jamali kang angirid | busanane Mas Cêbolang | baju kotang kêsting abrit | pinggir rinenda alit | nyampingira kasa wulung | sabuk putih rong kilan | kuluke bathokan sêtrim | dhêstharipun jêplakan putih rinenda ||

48. Adhuwung kêmalon abang | gayaman landheyan miling | tulange ulam minatan | mirah agênge saranti | santrine kabèh ngiring | gêdhe cilik luwih satus | wong nonton pan atusan | kalbu abdining dipati | nadyan lare desa pan kenging kewala ||

49. Pan parêntah sang dipatya | nyukakna manahing ngalit | marma wong nonton akapang | ki dipati lênggah kursi | ingayap manggung sêlir | samya binusanan murub | pan wus pêpak sadaya | sinarah pênjaluknèki | saprabote kimas gèn badhe anulap ||

50. Pan wus dhawuh kinèn lêkas | sêndika kang dèndhawuhi | anulya nyandhak tarêbang | sasolahira rêspati | dhasar radi kinardi | apacak têrbang pinangku | ing dhêngkul (n)dhangak ladak | (m)bêranyak anggunungsari | adan lêkas sajak Jawi sêkar Lêmpang ||

51. Swara muluk gêtas rênyah | angungkung arum tur manis | ngês wilêtnya nganyut manah | panêrbange angapipir | sabat gya naurani | tarêbang tiga gumrumung | barung angklung lan kêndhang | calung calapita gadhing | ramya gobyok gumêr gêtêr magênturan ||

52. Wor swara sru lagu Lêmpang | orêg kang samya ningali | jêjêl riyêl yêl-uyêlan | dhêsêkan pipit pinipit | kèh solah-bawanèki | bungah kang para calimut | cêlêr-cinêlêr ramya | kathah kang kelangan sami | opyak gègèr sakêdhap nora karuwan ||

53. Suwe-suwe tan rinasa | kelangan pêrlu ningali | jalwèstri carup dhêsêkan | wong kang (n)dhugal mangarahi | mring wong wadon anggriming | tangan nguyêl-uyêl susu | nalusup gagap-gagap |

--- 5 : 6 ---

gêmbok ginêgêm agêmi | kèh mangkono wênèh têkêm tinêkêman ||

54. Yata wau Mas Cêbolang | narêbang bêsus awasis | gêtêr kumitir ngapinjal | kêtungtung pyêk tong-ting tong-gring | prung prèng grung pang pang pong ping | klong klung crik crik crèk bah bah gur | tung-klêk tung-plêk tung ting brang | pap pêp bah bah thir nal nil nil | nguk nguk brêng brung pung pak pung pyak dhung dhêng dhung brang ||

55. Kang sauran rêbut sora | swarane samya sru angrik | rahab ungkul-ingungkulan | santri barung naurani | yèn nuju sèlèhnèki | sauran (ng)gènnya gumrumung | yèn kabèh tibèng gongan | Mas Cêbolang kang nampèni | ngêlik mêlung ngungkung mêmbat angêmandhang ||

56. Anglangut swara rum mêmbat | bêning lir suling wratsari | tan ana swara kang memba | êmpuke gilig amêthit | mangkya kang samya singir | wus dangu dènnira talu | suwuk maca sêlawat | kèndêl aso ngaring-aring | pan anglela Mas Cêbolang anjênthara ||

57. Ki dipati ris ngandika | êndi sabatmu kang dadi | tandhak kang jiblês wanodya | mas Cêbolang matur inggih | punika kang prayogi | pun Nurwitri namanipun | pinundhut binusanan | carèstri ronggèng linuwih | pinaringkên kinèn tumuli lêkasa ||

58. Tur sêndika Mas Cêbolang | lêkas bawa Gambirsawit | swara rum manis ngêsira | mêmbat wilêt (n)dudut ati | santrine naurani | gumrêmbrêng barêng trêbang brung | rampak ukêle padha | tan ana gangsul mênèhi | Mas Cêbolang akipat panrêbangira ||

59. Nulya tandhaknya abêksa | berag kabèh kang ningali | ki dipati langkung suka | abdine kinèn nglêboni | gêntèn lan dèndhawuhi | tombokira kabèh nyuku | suka gantya abêksa | abdinira ki dipati | sasênênge dènnira njaluk gêndhingan ||

60. Sawênèh ana barêngan | samya gêndhing Gonjang-ganjing | bêksa karone bramantya | sêbrak sarêng narik kêris | gègèr ingkang ningali | ki dipati langkung bêndu | sigra anyandhak

--- 5 : 7 ---

rotan | kang tukar lumayu ajrih | pan wus pulih tata kang nonton sadaya ||

61. Yata wau ki dipadya | kepenginkêpengin. tumut angibing | kang abdi kêplok sadaya | manggung sêlir suka sami | Montro gêndhinganirèki | tan dangu anulya sampun | yata Kimas Cêbolang | tan kenging ngampah kang galih | tarêbange wus sinungkên rowangira ||

62. Buka rasukane jubah | mung kotange ingkang maksih | duk waune sinasaban | jobah kotange tan kèksi | yata lêkas angibing | bêksanira bêksa alus | gêndhingane La-êla | orêg samya kang ningali | saabdine ki dipati langkung suka ||

63. Miwah sira ki dipatya | langkung sukanirèng galih | yata wau kang abêksa | sawusnya niba kang gêndhing | kimas bêksane nyirig | nglètèr sarya pancak gulu | ngalahkên tandhakira | bêksane nurut ing pinggir | -ring kalangan sarya ulate kinarya ||

64. Kwèh bungah satêngah ana | sawiji kaum ningali | Dulsubur lan bojonira | nêdya mèlu naurani | mantêngah gambyong singir | kang gumawang andudulu | sêsêg tan antuk marga | migag-migug sru kapipit | nimbok Subur rada wasis sok gêlêman ||

65. Dèn incih kiwa têngênnya | dhinêsêg dipun-gagapi | kêna cêg kang payudara | kinêpêl pinidih-pidih | puringisan ngèsêmi | kang nguyêg saya kêsusu | rinangkus sinjangira | (m)bok Subur pasang anyênthing | tanganira kiwa gondhèlan kang lanang ||

66. Kang têngên kari saduwa | nèng dhêngkul sarwi anjênthir | pinarnahakên agampang | tumanduk kang mangarahi | bênêr andêdêl nuli | garêgêl balusuk puput | kasamur iyak-yêgan | lir linampahkên pakolih | enak-enuk sipunuk nora katara ||

67. Uyag-uyêg dhêdhêsêkan | Dulsubur pangrasanèki | dêg-dêge solahing kathah | tan nyana bojone untir | anjongok rada (n)jêngking | kêsêl ngadêg awatipun | Dulsubur wus pitaya | kasamur solahing janmi | malah gênti kiwa têngêne anggarap ||

68. Gilir ginarap wong tiga | nuju panggarap kang kèri | duwèke gêdhe adawa | satêkêm nêt mangang luwih | Ni Subur ngulèt

--- 5 : 8 ---

njundhil | asru banène kumlukuk | Dulsubur kagyat mulat | bojone ginarap wingking | asru ambêngok ngudubilah katiwasan ||Lebih satu suku kata: sru ambêngok ngudubilah katiwasan.

69. Gumrubyug kang (ng)garap uwal | slendhang tapih dèndhèdhèli | marang bangsat kang anggarap | mung kari kulambinèki | gègèr pating jarêlih | Dulsubur sru tulung-tulung | mundhak dadi bayangan | bojone dènuli-uli | nulya mulih bojone banjur pinala ||

70. wontên walanjar satunggal | abdinira ki dipati | pan lagya kagêm sapisan | ing mangkya dipunkasihi | nama pun Jaemanis | akuning wêdana suluh | netra (n)jahit balerah | alandhêp idêp tumêngging | payudara kêngkêng lir mundhu undhuhan ||

71. Pangangge kinacèk pêlag | ngungkuli kang para sêlir | tikêl rêgi parabotnya | saking sihe ki dipati | nging rada ngadi-adi | pan kêmayu adol ayu | ulate êblas-êblasan |Lebih satu suku kata: ulate êblas-blasan. aling-alinge ngladèni | mring ki adipati yèn wus nêbih (ng)gènnya ||

72. Malah cêlak lawan panjak | sadhela bali ngladèni | kacu kumbaya kusta-bang | krêp nginang idu ngacuwis | bêlisên susurnèki | sabithi atos lir watu | polahe kêrang-jalan | nènèr kèwês galak lirih | pan sasore wis pindho kacune ilang ||

73. Saking mèndèse aganas | nas-nès mènjèng nunjang kuping | kapengin marang kang nrêbang | sedhat-sedhot ulatnèki | kadulu mring ki dipati | agya marêk anèng ngayun | yèn wus katungkul lunga | dol ayu dlèrèngan liring | pan kêmaruk kinasihan ing bêndara ||

74. Anjêngglèng minggir kalangan | misah (ng)gon lan kancanèki | eram sakèh kang tumingal | kênèse lindhis kêmini | samana amarêngi | sawiji wong andêdulu | sudagar ngangge mumpyar | sakojur dipun dhèdhèli | kêna kabèh gêmbor-gêmbor galimpangan ||

75. Gègèr asru lêng-ulêngan | caruk-caruk ting jarêlih | wor winor nora karuwan | kabrawuk (m)bok Jaemanis | têlas dèn-balojodi | ambalêjêd bukung widhung | kauyêl ing-akathah | angadêg ki adipati | langkung duka asru mring kawulanira ||

--- 5 : 9 ---

76. Dene kaya wong alasan | kabèh kang nonton si Joprit | de iku mas patih ada | nyengoh kabèh kênèng baring | upayanên dèn aglis | sapa kang agawe rusuh | gupuh kawulanira | anggolèki kang ngrusuhi | tan kapanggya mung wong siji ngathang-athang ||

77. Dèn-idêg-idêg ing kathah | katur marang ki adipati |Lebih satu suku kata: katur marang ki dipati. lawan pawèstri satunggal | katur yèn pun Jaemanis | gêgêtun ki dipati | kêkasihe ambaluju | duka mring wong lanang kang | kaudan kinèn (ng)gêbugi | dosanira dene amêmadha uda ||

78. Gya parentah ki dipatya | kinèn njagani kang bêcik | aja na wong rêrusuhan | jaganana tumbak bêdhil | matur sandika aglis | dhinawuhkên sadaya wus | taptap = tata, tarap, teratur. ajrih wus tan rêsah | ki dipati ngandika ris | hèh ya panjak (m)bêksaa lan tandhakira ||

79. Cêbolang ture sandika | nulya bawa Lompong-kèli | swara rum gêtas araras | nyênyêt ngêsês mijêt ati | sauran naurani | gumuntur gêr barung arum | pyung pyung pyêg dhêng tung tung brang | pêp pêp bah bah klong klung thur thir | orak arik nal nil pong ping tung pêg bêng bung brong brang ||Lebih dua suku kata: orak arik nal nil pong ping tung pêg brong brang.

80. Sêsêg gobyog asauran | yèn wus têkèng gonganèki | grêg pêt ririh trêbangira | panabuhe ukur jawil | kang sangêt mung kakalih | calung calapita barung | nampani Mas Cêbolang | lan tandhake barung ngêlik | mêthêt mêrit awilêt gulêt ulêtan ||

81. Akancuh rêncang swaranya | lir rêbab barung lan suling | nyamlêng saplak nora jamak | Mas Cêbolang lan Nurwitri | tog tinog dènnya ngibing | Mas Cêbolang bêksa kakung | Nurwitri bêksa dyah | akarya wêmbaningwimbaning. ati | kaya uga Onêngan lan Wukirsêkar ||

82. Sasolahira kinarya | liringe amêratani | kang kasangkut ing paningal | gêragapan sênig-sênig | tan tawajuh ing ati | ati lir runtuh talêdhug | kênèng sumbaga gêndam | Mas Cêbolang ngigêl apik | asta manthêng andhêngklang klèk pacak-jangga ||

83. Narècèt rikat kumlepat | wiwir sondhère kumitir | ahebat naga kapalang | tandhake mungsêr sasirig | lir parênjak tinaji | larap majêng lajêng nindur | golang-galing linglingan | kwèh ning

--- 5 : 10 ---

kang myat ciptèng kapti | kaya-kaya lan dhèwèke mêngkonona ||

84. Wanodya ingkang niningal | samya kasmaran kêpati | kanyut wat kenging sumbaga | (ng)gêgês tyasira mawêrdi | miwah manggung lan sêlir | -ira ki dipati wau | tambuh ing solahira | ana ngulèt kirig-kirig | angacêcêng malah mijil rasanira ||

85. Banjur lumayu wan-awan | nguyuh mring pakiwan sami | yata ing wau samana | Mas Cêbolang kèndêl nuli | wangsul dènnira linggih | sang dipati nulya dhawuh | kinèn lêkas anulap | pan kinèn aso kariyin | pan sandika ature Kimas Cêbolang ||

86. Yata manggung sêlir samya | iriban samya (m)balangi | ing gêgantèn miwah kêmbang | wênèh bajong-bajong liring | ana ingkang ngawêti | sarwi ngêblongkên gumuyu | nanging langkung iriban | dènnira balangan liring | ciptanira êmbèn bae rêruncungan ||

322. PocungTeks asli: Pucung.

1. Yata lêkas nyulap Mas Cêbolang wau | kumutug kang dupa | tumpêng papat dènkurungi | Mas Cêbolang bêksa ngubêngi kurungan ||

2. Lan tandhake mubêng kurungan ruruntung | sawusnya mangkana | kang kurungan dènungkabi | tumpêng papat seje-seje thukulira ||

3. Siji thukul wit-witan lombok wohipun | siji wit sêmangka | uwohe sakêndhil-kêndhil | siji bligo uwohe sadandang-dandang ||

4. Siji waluh sagembol-gembol wohipun | suka kang tumingal | ki dipati thrusthèngtrusthèng. galih | angandika hèh panjak apa kênaa ||

5. Kabèh iku apa kêna-a jinumput | matur Mas Cêbolang | botên susah inggih kenging | dhinahara nadyan binêkta mantuka ||

6. botên purun molah-malih sampun lugu | sanès lan wong kathah | kang limrah warti tan kenging | yèn punika inggih ta kenging kewala ||

--- 5 : 11 ---

7. Langkung suka dipati angatak gupuh | manggung sêlirira | samya kinèn amêndhêti | kumarayak apan sami rarêbutan ||

8. Angundhuhi sêmangka kalawan waluh | acêngkah-cinêngkah | samya rewange pribadi | lajêng ulêng adêdrêg têngah kalangan ||

9. Ki dipati duka kèn ngundurkên sampun | wong nonton sadaya | langkung sukane kêpati | yata badhe lêkas malih arsa nyulap ||

10. Nyandhak janur kuning lan ron bêndha gupuh | lan lar bèbèk ayam | lan lar manuk êmprit pêking | lar brêkutut dêrkuku putêr lan dara ||

11. Linêbokkên kurungan kutug kumêlun | Mas Cêbolang bêksa | lan tandhakira ngubêngi | tarêbange tinitir kaya bêdhaha ||

12. Parikane apan muni Surung-dhayung | sawusnya mangkana | kurungan wus dènungkabi | sawarnine êlar wus wujud sadaya ||

13. Godhong bêndha apan iya dadi bulus | janur dadi ula | sawarnane kabèh sami | bèbèk ayam manuk bulus lawan ula ||

14. Abuburon datan ana ingkang mêtu | saking ing kalangan | suka mulat ki dipati | miwah kabèh wong kang sami aniningal ||

15. Ki dipati angling apa kêna iku | bèbèk dèn-opora | lawan pitike ya dèn-tim | matur nêmbah sira wau Mas Cêbolang ||

16. botên susah pan kenging sadayanipun | suka ki dipatya | nulya kinèn anyêkêli | pan kumrubut sagung kang para parêkan ||

17. Mung ulane lan bulus wus rinaracut | marang Mas Cêbolang | mulih dadi janur kuning | bulusipun mulih dadi godhong bêndha ||

18. Ki dipati suka malih ngandika rum | ya manèh wêtokna | kabisanmu kang (ng)gawoki | Mas Cêbolang nuwun ature sandika ||

19. Nyuwun lêsung kakalih saalunipun | sigra ki dipatya | mundhut lêsung nulya prapti | mujur ngidul mujur ngalor saalunya ||

20. Pan agupuh Mas Cêbolang masang kutug | kang lêsung ginunan | dinumuk-dumuk kaping tri | tan antara obah lêsunge

--- 5 : 12 ---

amapan ||

21. Alu wolu samya bendrong akumruwuk | titir kokothèkan | maju sarêng lêsung kalih | muni dhewe ambendrong alu nêmbêlas ||

22. Lêsung tumbuk ajêblès surung-sinurung | alunya tan gigal | saha sru bendrongan titir | tung prang tung prong tung prêk thung thung prêk dhong dhong brag brag ||Lebih satu suku kata: tung prang tung prong tung prêk thung thung prêk dhong dhong brag.

23. Kang andulu sadaya suka agumun | lêsung tutumbukan | alu titir tanpa janmi | alu kalih ting balêbêr liru gyannya ||

24. Saya cukup kang nonton uyêl atimbun | kang sawênèh ana | wong bêbedhangan wus lami | pan katuju kapanggih ana tontonan ||

25. Sukèng kalbu kalihe dhêkêt akumpul | pan sami karsanya | kasamur pipit-pinipit | tutug ing sakarêpe agêgarapan ||

26. Dangu-dangu katara ing solahipun | ing kiwa têngênnya | ginêtak uwal kang untir | pan sinurak ginaguyu ing ngakathah ||

27. Èstrinipun lumayu tan bisa mêtu | dènuyêng ing kathah | susune dèncucuwoli | cak cêk mak mêk mal mol susu pipi branang ||

28. Wusnya dangu dènnira angadu lêsung | anulya rinucat | alu ngalumpuk (ng)gènnèki | lêsung kalih wus kinèn anggawa mêdal ||

29. Suka ngangkat ki dipati ngatak gupuh | manèh alêkasa | mêtokna kagunan malih | kang liningan sèndikasêndika. santrine nulya ||

30. Gya binanda tinalikung winayungyun | suku antuk jangga | ginayut gayut ginodhi | sawusira linêbokakên kurungan ||

31. Lawan mantra sarta kutuge kumêlun | Mas Cêbolang ngatak | mring panjak gêndhing Kinanthi | Wiratruna dyan lêkas gumêr swaranya ||

32. lajêng tandhak lan Kimas Cêbolang runtung | ubêng nèng kurungan | kaping pitu gèn-ngubêngi | sawusira ngatak kimas panjakira ||

33. Kinèn salin Kêbogiro gêndhingipun | gumuruh swaranya | sêsêg kang bawa gora tri | pan tinitir gumuntur trêbang barungan ||

--- 5 : 13 ---

34. Kang (n)dudulu tan bosên pênontonipun | sangsaya kapranan | wontên wong lonthe sawiji | langkung landhêp ampuhe prasasat sarpa ||

35. Lonthe iku warnane kalangkung ayu | singa wong jinawat | tan saranta nuli ngincih | gya ginarap nèng têngah tontonan ||Kurang dua suku kata: gya ginarap anèng têngahing tontonan.

36. Dèrèng tutug kang anggarap krasa (n)jêpluk | mundur mèkèh-mèkèh | (n)dheprok nguyuh ngolang-ngoling | wontên malih kang anggarap dêg-adêgan ||

37. Lagya maju anglumba sakala abuh | pan sasore mula | olêh wong salawe luwih | kabèh rêngkêng-rêngkêng gêrêng-gêrêng lara ||

38. Ana banjur kulit lonyoh ting palêpuh | pan padha sadhela | andheprok tan bisa mulih | akèh ngincim-incim sanake kang waras ||

39. Mas Cêbolang ngungkabi kurunganipun | panjak kang binanda | wus ucul sami nunggangi | marang sima gigibrah têngah kalangan ||

40. Gêro-gêro sima ngajrihi dinulu | kagum kabèh padha | sagung wong niningali |Kurang satu suku kata: sagung wong kang niningali. rêbut dhucung lumayu agêgolongan ||

41. Lonthe wau katêmu tinêmu-kuwuk | pan binalonjodan | sandhangane sarwa bêcik | sêngkang sinjang sadaya têmah têlanjang ||

42. Dènkuk-êngkuk ngarêngkuk nulya tinubruk | ingilês wong kathah | lonthe nangis jêrit-jêrit | gêmbuk-gêmbuk gêmboke dènidak-idak ||

43. Pan dènêpuh ilune pan maksih ampuh | singa kang angidak | kumaramyasnya sumêngkring | kitrang-kitrang kinukur saya warata ||

44. Ting barêkuh kèh markotok sikilipun | uyèb kêkêrogan | sakèh wong mimisuh sami | pan pinala kasêlak ajrih ing sima ||

45. Sagung sêlir gila jrih samya lumayu | malbèng dalêm samya | tinilar sang adipati | wong kang nonton samya sumingkir atêbah ||

--- 5 : 14 ---

46. Suka ngakak ki dipati manthuk-manthuk | asru angandika | panjak paran adatnèki | apa ora anêmênni ingkang sima ||

47. Ki Cêbolang matur botên-botênipun | gigila kewala | yata angling sang dipati | yèn mêngkono nuli racutên dènenggal ||

48. (Ng)gigilani mêdèni kang samya (n)dulu | sigra Mas Cêbolang | kurungan winêngkang nuli | sarwi cêthèt sima manjing jro kurungan ||

49. Langkung suka ki dipati andulu |Kurang satu suku kata: Langkung suka ki adipati andulu. manggung sêlir samya | inguwuh pan sami mijil | ngadhêp malih galo simane tan ana ||

50. Kang nanonton wus samya wangsul sadarum | yata Mas Cêbolang | (m)buka kurungan tumuli | ingkang sima wus pulih pan dadya jantra ||

51. Santri katon wangsul binanda andhingkul | suka kang tumingal | sigra rinacut tumuli | kang binanda suka anglindur upama ||

323. Dhandhanggula

1. Yata wau sira sang adipati |Lebih satu suku kata: Yata wau sira sang dipati. karsanira wau dhik-udhikan | nadar duk sakit garwane | putrane dèrèng mêtu | saking guwa garbaning bibi | wêruh ing padhang hawa | kang garwa rahayu | marma arsa linampahan | udhik-udhik apan lima-wêlas anggris | nanging warni hardana ||

2. Kimas Cêbolang dènandikani | pan winartan inguni kang sabda | pan wus tinuturkên kabèh | kang dhinawuhan matur | inggih ulun darmi nahidi | nanging inggih dadosa | ping kalih puniku | abdi-paduka sadaya | sawarnine tiyang èstri kang rumiyin | pan sampun kawoworan ||

3. Apan ngamungna paduka inggih | kang tumata kang ngrêbut pan amba | ingkang nêbar ing artane | pan anging sarat tumut | amba ngrêbat saking sakêdhik | sang dipati karênan | apa sakarêpmu | yatra pan wus tinampanan | mring Cêbolang sang dipati têdhak nuli | samanggung sêlirira ||

--- 5 : 15 ---

4. Gêdhe cilik wong dalêm amijil§ Prayoginipun / pan mijil /. | apan lajêng akêpung akapang | wong (n)jaba winarah kabèh | lamun mangke ing pungkur | iki nora kêna dènwori | yata wusnya mangkana | Mas Cêbolang gupuh | angadêg têngah kalangan | manggul bokor parèstri pasang pra sami | (ng)gèn badhe ngrêbat arta ||

5. Yata Mas Cêbolang nêbar aglis | pan gumêdêr parèstri rêbutan | uyêl cablèk-cinablèkan | dipati suka (n)dulu | tumut ngrêbut sarat ngecani | yata Kimas Cêbolang | bokore rinêbut | mring pawèstri arta wutah | lajêng uyêl Mas Cêbolang api-api | tiba rèhning rinêbat ||

6. Ngathang-athang pan lajêng dènbruki | mring pawèstri arta kang nèng jaja | rinêbatan ing wong akèh | kimas anjumbul-jumbul | panjumbule anyondhol pênthil | kang sinondhol tan etang | maksih eca ngrêbut | Mas Cêbolang kinakahan | mring wong akèh kimas apan jungkit-jungkit | anggambul margèng suta ||

7. Suka miyat wau ki dipati | ragi mêlas marang Mas Cêbolang | dene dènuyêl ing akèh | angling mring kimas arum | aja dadi manahirèki | dene ta awakira | mring wong wadon dènbruk§ Prayoginipun / dènbyuk /. | Mas Cêbolang ragi susah | lêngur-lêngur batine tuntung kêpati | dhapure pindha susah ||

8. Wusnya nuli dènudhikkên malih | wong ing jawi kang kinèn majênga | ki dipati nêbar dhewe | rame uyêl gumuruh | tuwa anom gêdhe lan cilik | wor winor tan karuan | gêdrah sungsun timbun | ana kang tiba kalumah | wênèh ngagir angalungsar kajumpalik | udrêg cêngkah-cinêngkah ||

9. Rarêjêngan ramya ting jarêlih | wêngkang winêngkang dènnya rêbatan | tan pijêr kêna dhuwite | ana kang wus dènêrut | mêksa ngungkih dipun-gogohi | miwah anèng kandhutan | kang ginêgêm ucul | langkung suka ki dipatya | panêbare kang arta dènintir-intir | pinrih dangu rêbatan ||

--- 5 : 16 ---

10. Nulya kinèn mundhut arta malih | limalas êngkas tan dangu prapta | katur picis bolong kabèh | sinêbarkên sumawur | rinêbut ing abdi jalwèstri | sikêp bangsat angrêbat | dêdrêg ting barêkuh | adhosok jêngkang-jinêngkang | miwah sikut-sinikut bithi-binithi | gudrah aguladrahan ||

11. Ana (ng)guyu wênèh pan anangis | ana ingkang sinjangipun sêmpal | myang balung nyongor lambene | mimisên irungipun | nora kêna sinjang barêndhil | ginujêg akakalan | mari-mari yèn wus | arta wutah sinjang bêdhah | kèh tingkahe ana wong lanang sawiji | akathah olèhira ||

12. Têpung gêlang lêmpèng kêbak dhuwit | ngandhut ngêmut (ng)gêgêm kêbak uwang | miwah kang ginembol akèh | ingêbyuk pan rinêbut | picis mawut dipunrêbati | rinêncak ing wong akèh | bêbêde jur mumur | wontên pawèstri angrêbat | pan kasusu klèru konthole sinêbit | kewal agobrah-gobrah ||

13. Jêlih-jêlih nora dènpraduli | mêksa rinujak ingidak-idak | pêcèthèt paringsilane | uyêl kuwur katawur | tan cinatur solahirèki | lingsir dalu (ng)gènnira | kasukan anutug | yata samana bubaran | ki dipati paring tigangdasa anggris | marang Kimas Cêbolang ||

14. Ki dipati angandika aris | èsmu (ng)guyu marang Mas Cêbolang | panjakmu Nurwitri kuwe | lah tilarên karuhun | dimèn kari nèng (n)jêro bêcik | suka tyas sun-tumingal | lir wong wadon lugu | nora mantra-mantra lanang | lan maninge manira akarya ringgit | Nurwitri kang muruka ||

15. Lawan sira yèn ingsun-timbali | aja lunga-lunga nèng Kauman | omahe Jamali bae | yèn ana kuranganmu | lumêbuwa ingsun paringi | yèn ora kongkonana | bae matur mring sun | iya bojone si Jamal | ngongparingi pangan sasantrinirèki | sakèhe cacahêna ||

16. Matur nêmbah sumangga nulya mit | Mas Cêbolang anampani arta | tigangdasa reyal kèhe | lan sabusananipun | tuwin paring sinjang mring santri | aniji wus warata | myang sasajènipun | dènusungi santri kathah | langkung bungah sakèh santri ting cukikik | untung Kimas Cêbolang ||

--- 5 : 17 ---

17. Mundur saking ngarsane dipati | lawan sasantrinira sadaya | myang pangulu Jamaline | santri satus gumrudug | anèng margi Jamali angling | dhuh anakmas Cêbolang | punika yèn mungguh | kula amujur salawat | sinjangipun sajènipun kula inggih | lêrêse tumut angsal ||

18. Sabab margane angsal rijêki | kapracaya pinaring akathah | saking kula wiwinihe | Mas Cêbolang lon muwus | yèn wus praptèng wisma agampil | kula mangsa ngicalna | ing tata lantan. patut | datan susah winicara | Ki Jamali ambêsono ngêdhih-êdhih | gumrêmêng turut marga ||

19. Tan adangu praptèng ing wismèki | kae Jamali ing Pakauman | gumêdêr santri praptane | tata dènnira lungguh | tan antara sajèn binagi | tinadhah ting kucapah | tuwuh ngadhug-adhug | myang sakêtip§ Prayoginipun / sakêtib /. modinnira | lèbèr maring têtangganya maksih luwih | sêkul ulam panganan ||

20. Arta tinitèn sadayanèki | sajèn sêlawe lan tigangdasa | ki dipati pêparinge | arta tombok angetung§ Prayoginipun / ingetung /. | apan angsal kawandasanggris | gunggunge kawandasa | gangsal langkunganipun | kang dhatêng pangulu Jamal | pan sadasa reyal kang dhatêng ing santri | arta tridasa gangsal ||

21. Dinum kaduman anyuku sami | kang sèkêt rêyal mring Mas Cêbolang | kalêbu lan Nurwitrine | wus rampung pandumipun | aluwaran sadaya aris | wau ta ki dipatya | èstu tyasnya kanyut | mring Nurwitri ronggèng lanang | ki dipati radi kawuron sakêdhik | ing brêm tape waragang ||

22. Wuru kaworan alimpang brangti | mring Nurwitri kang binrangti anyar | katêmbèn blero karsane | nulya binêkta kundur | maring dalêm gêdhong kang wingking | ki dipati ngandika | Nurwitri dimaju | sunsarê singêbên ingwang | sêmbari rêngêng-rêngênga Lompong-kèli | Montro Pêtung-wulungan ||

23. Gambirsawit lawan Gandrung-manis | matur inggih Nurwitri

--- 5 : 18 ---

ngujiwat | sarwi pinathêt lathine | ki dipati agupuh | ngrangkul gulunira Nurwitri | grêgêtên cinuwolan | lathi pipinipun | dèningsêp ingaras-aras | matur mangke dhuh mangke kangjêng kiyai | turene kinèn nêmbang ||

24. Angandika lah iya dènbêcik | nulya rêngêng-rêngêng swara raras | Lompong-kèli kalulute | (n)jalirit mêrit arum | kalêlêran ambêlèr ati | pan lagya rong êgongan | ki dipati muwus | wus mênênga suntarima | dènmreneya aja sira wêdi-wêdi | Nurwitri ngarah apa ||

25. Gya ginayut anggane Nurwitri | kêkêp-kinêkêpan rêp-arêpan | kadya maring dyah tan pae | sasolah bawanipun | mriyêmbada anêmbadani | angrêngih kang rinêpa | ingungkih kinukuh | katomah têmah tan polah | ginolingkên golag-galig anglêgani | pinungkurkên karênan ||

26. Angudhêmpêl pupul anèng wuri | waringutên tan salayèng karsa | wastra silak warastrane | pangangkahira rikuh | lir kekeyan akongkah-kangkih | nêmpuh tan kênèng ngampah | Nurwitri anjumbul | andêngkèng tyasnya kumêsar | pulintiran angêsah umatur ririh | ingkang antèr kewala ||

27. Kya dipati langkung sukèng galih | sangsaya nglut lukiting turida | rada katêmbèn karsane | sanepaning dyah ayu | ing pangrasa malah ngungkuli | kulinaning kalangyan | dede amputipun | pan ora untap-untapan | surasaning karasikan mung Nurwitri | ngalêmpak tumpak lawak ||

28. Tan angiwal pakiwuling gati | dhêkêt kêkêt lir banon lan rimbag | nora rênggang don-adonne | ki dipati kalimput | kalulut ing wilêd kalaning | kathah solahing karsa | riwenira kumyus | kang kinarsan tan (ng)gulawat | wus antara anjog drês gatining rêsmi | kongsi byar aluwaran ||

29. Nurwitri pan lir sawung kêpilis | katêrêsan ing gati marlupa | tan kênèng têbih ênggonne | sarwi dènêlus-êlus | ki dipati wêlas ningali | apan kathah sihira | mring Nurwitri lulut | supe langêning wanita | nunggèng ronggèng apan katon kalih ratri | tan kenging mêdal-mêdal ||

--- 5 : 19 ---

30. Kathah pêparinge ki dipati | nahên samana Kimas Cêbolang | nèng Pakauman pondhoke | mompyor busananipun | ambalèrèt salin sumalin | bêsuse angayangan | kathah prawan kanyut | kikinthil tumut pondhoknya | sapraptane pondhok rinewang sarêsmi | enjing mulih sinungan ||

31. Arta sawang-sawung wongirèki | ana nêlung reyal lan ngrong reyal | sareyan andulu wonge | yèn si lamun anuju | ingkang ayu akinyih-kinyih | ngantos sapuluh rêyal | kimas dènira sung | marma wadon lunga têka | ing ciptane enak kodhil olèh misil | yèn ta lamun gêmiya ||

32. Mas Cêbolang panci lamun sugih | yata ing wanci suruping arka | duta saking jro praptane | kinèn nimbali gupuh | Mas Cêbolang anyêndikani | nulya dandan busana | alise cinukur | pinatut tajêming tanggal | adu mancung sumping sêkar nagasari | sarira ganda jênar ||

33. Atêtasik sumilak arêsik | nyamping sarung bugis gêgêrusan | sabuk gêdhog paringane | kulambi galar konus | bêsus wasis dhasare sigid | abagus tur sangsangan | barang dèn(ng)go patut | nulya kering lampahnya | tan adangu wus katur mring ki dipati | kang prapta ingandikan ||

34. Kinèn lajêng maring dalêm wingking | sapraptanira nèng ing ngajêngan | ki dipati lon dêlinge | dènkêpara ing ngayun | alungguha lawan Nurwitri | tur sêmbah Mas Cêbolang | wus nunggil alungguh | samya sasmitèng èsêman | ting barisik atotogan dhêngkul ririh | ing sêmu wus anduga ||

35. Ki dipati angandika aris | besuk ing pêndhak wulan purnama | sira suntimbali manèh | ngluwihi lan kang uwus | sira dadya ringgit sarakit | lan Nurwitri prayoga | abagus yu-ayu | êntingna pagunanira | sira besuk sun-ganjar kang luwih bêcik | anglêgakna tyasingwang ||

36. Mas Cêbolang nêmbah matur aris | inggih pintên banggi kalêrêsan | sêndika sakarsanta ngrèh | yata wusnya adangu | mundhut dhahar ki adipati | nutug (ng)gènnira dhahar | gya linorot sampun | pinaringkên Mas Cêbolang | sadaya wus nadhah [na...]

--- 5 : 20 ---

[...dhah] kalawan Nurwitri | wus turuh cinarikan ||

37. Wusnya bubar ingkang nglêladèni | parèstri samya mundur sadaya | tan linilan pangayape | pan amung ingkang kantun | Mas Cêbolang lawan Nurwitri | sami bawa prênèsan | wênêsing pamuwus | cara carêm carêmêdan | pan kakênan ing liring ki adipati | kagêbang ronggèng lanang ||

38. Pan acêlak lênggah ki dipati | sarwi manis arum angandika | abêcik cêlakan bae | tan ewuh kang cinatur | ing pasêmon samana malih | lan sira Mas Cêbolang | aja adu mancung | nganggeya cara wanodya | pan turutên kewala sakarsa-mami | kang kaya warnanira ||

39. Mas Cêbolang nêmbah matur inggih | èsmu (ng)guyu sami ngungkrêt jangga | anggêgêt ilat lewane | mingsêr lèngsèr sing ngayun | pinaringan busana adi | angiwa ping-ampingan | cucul adu mancung | busana cara wanita | gêlung sentêk sinêkar lungsèn kinancing | cêpaka lan ronnira ||

40. Apan asinjang garingsing ringgit | kêmbên gadhung mêlathi rinenda | pinayudara esthane | awida jênar arum | pupur sawêtara nêlahi | kacu gumbaya kusta | abrit dhasar alus | rumimong ing pawidhangan | sawusira busanarsa marêk ngarsi | sasolahe kinarya ||

41. Ulat rikat lir kilat ngawêngi | ngima raras kumênyut tyasira | ki dipati pandulune | sangaya wuwuh wuyung | praptèng ngarsa nunggil alinggih | Nurwitri pan kasoran | ing mêmanisipun | kaot trah guru lan sabat | yêkti kaot laraping liring nêlahi | akarya lara brangta ||

42. Langkung sukanira ki dipati | sarwi gumujêng winor wuwusnya | dubilah dudu rasane | baguse dene ayu | nulya tangannira tinarik | payo adhêdhêsêgan | bae pada lungguh | kang ingikal nganyut tingal | wus anglela lêlèjême jaman wingi | andhêdhêt-dhêdhêt asta ||

43. Rinêjêng kêndho anulya linggih | adu dhêngkul mung sapêdhadhonan | ki dipati lon dêlinge | payo padha anginum | brêm tape grit waragang manis | sinambi dhêdhaharan | sêsaosan

--- 5 : 21 ---

agung | nutug dènnira kasukan | pagujêngan aprênèsan manas ati | sisiwo sêdangunya ||

44. Ki dipati angandika aris | payo wus dalu raryan luwaran | manira rip arsa sare | sisindhènan sirèku | swara wadon wae kang bêcik | gêndhing pathêt manyura | iya Pêtung-wulung | Kaboyong lan Kêmbang-gayam | Kuwung Montro Lambangsari Gandrungmanis | anuli pathêt sanga ||

45. Onang-onang lawan Lompongkèli | Gambirsawit miwah Êla-êla | Lara-lara lirih baê | kang liningan sung guyu | sarwi mathêt lathi amathis | wus tata pasareyan | ronggèng ro nèng ayun | kinèn sindhèn gêgêntènan | ki dipati sêsareyan dènpêtêki | sarta sindhèn La-êla ||

46. Onang-onang lawan Gambirsawit | Pêtungwulung lawan Kêmbang-gayam | Montro lan Gandrungmanise | ki dipati lon muwus | sisindhènan ya Lompongkèli | wong roro abarungan | kang sinung ling matur | sêndika anulya lêkas | abarungan sindhèn ngêlik Lompongkèli | ulon alon-alonan ||

47. Angriringik angrês ngraras ati | runtut nyamlêng akêplêng lir pendah | rêbab kalusên kawate | swara lit manis arum | mêrit mêthit amêthêt ati | tetela kang parikan | ki dipati wungu | abêksa (m)bari alênggah | Mas Cêbolang lan Nurwitri angrakiti | anjogèd lulungguhan ||

48. Pating karinggêg dènnira ngibing | dangu-dangu saya sru anêmbang | dadya ngandhêgmandhêg. pangibinge | agulêt kinarubut | ronggèng kalih anindur liring | lengek-lengek ling-lingan | nyangkluk pancak-gulu | sêblak kumlebat araras | anyarisig sisirig mungsêr nèng ngarsi | aberag ki dipati ||

49. Nutug dènnira sami angibing | nulya tangannira Mas Cêbolang | tinarik lan Nurwitrine | agapyuk sarêng lungguh | pan kinayut jangganya sami | pipi lathi ingaras | -aras kalihipun | nulya malih asareyan | ronggèng roro nèng dagan tan kêna têbih | pan sarwi paprênèsan ||

50. Sarta kinèn sindhèn gênti-gênti | sagêndhingan edhang anggêndhinga | Nurwitri Lompong-kèline | Cêbolang Pêtung-wulung |

--- 5 : 22 ---

nulya ngêlik swara (n)jalêrit | gêtêre mulêt rêmak | tuntung manis arum | ki dipati wungu lênggah | kinêndhangan cangkêm gong kênongirèki | sami cangkêm kewala ||

51. Asta kalih angêbuk guguling | pindha kêndhang nèng cangkêm ungêlnya | pong pêg em-em dhah kêthothe | èng-èng thuk nang nong gung |Kurang satu suku kata: èng-èng thuk nong nang nong gung. ginaguyu ing ronggèng kalih | ki dipati anulya | sareyan lan muwus | Cêbolang angrêrêpia | ngura-ura têmbange Sinom pêngrawit | tibakna Suyung ika ||

52. Lan tibakna dhenok Silir-silir | lan tibakna Genjong rêmêningwang | nuli Lompong-kèli manèh | yèn wus iku nulya wus | Mas Cêbolang anyandikani | anulya ura-ura | tigang pada sampun | swara rum gêtas arênyah | nulya gêndhêng mêdêd lêmpêng Lompong-kèli | wilêd nganyut-anyut tyas ||

53. Gumujêng suka ki adipati | Mas Cêbolang binalang sap-tangan | pan lajêng pinaringake | Cêbolang matur nuwun | nulya tangannira tinarik | sarwi mèsêm ngandika | dènmarene lungguh | Nurwitri uningèng cipta | mundur saking ngarsanira ki dipati | sasamur nèng jêrambah ||

54. Ingkang anèng jroning gêdhong sami | ki dipati lan Kimas Cêbolang | baleging lèjêm sêmune | Mas Cêbolang ginayuh | kinapithing liniling-liling | rinungrum sinambrama | lir brêmara ruruh | angrêpih maduning sêkar | ki dipati kapadhan lungiding kapti | katuju lêgawèng tyas ||

55. Pandam lilin wus mati ginunting | nulya ginulingkên Mas Cêbolang | sumèlèh miring rakite | ki dipati kapungkur | pan karakêt-kêkêt nèng wuri | dangu arêrêjêkan | sinjang wus karangkus | angikal warastra mapan | santosa drêng adon-adon adu manis | tumanduk pan dinadak ||

56. Kinukuhan mêksa angêngkêngi | diya-diniya dinaya-daya | dinuwa-duwa tan palèh§ Prayoginipun / tan polèh /. | sinêrot anulya nglud | angrêkênêng§ Prayoginipun / amrêkênêng /. kêna ginanti | Mas Cêbolang (ng)garonjal | tyasira kumêpyur | pinarwasa kawisesa | sasolahe kapidik umatur ririh |

--- 5 : 23 ---

ingkang sarèh kewala ||

57. Saya gêmbira ki adipati | amranani ing sakarsanira | ing rèh rêkasa wus rame | tan wiwal dènnya kiwul | pulintiran anguntir-untir | antèr antaranira | nirkên ing tyas§ Prayoginipun / dyah /. ayu | tapis rarasing wanita | winantara lan Nurwitri kasornèki | pan kirang bautira ||

58. Mas Cêbolang aluwês awasis | ing satata tataning pratingkah | ki dipati karênane | kapadhan ing tyas kelut | pan ginopan panumpunèki | rêrekaning kalangyan | langkung suka nutug | têlas surasaning solah | kasrêg sinrêg binot riwuting wigati | gita lunturing prana ||

59. Byar raina luwaring pulangsih | ki dipati sarira marlupa | Mas Cêbolang lêmpe-lêmpe | sawusira tuturuh | ki dipati angarih-arih | pangrèhe angrêrêpa | sarwi ngêlus-êlus | Nurwitri marêk ing ngarsa | èsmu (ng)guyu kawula puniki tilik | kang mêntas kajantakan ||

60. Mas Cêbolang ngêblongkên Nurwitri | sarwi nauri mèsêm ngujiwat | aran wong wus padhadene | ki dipati gumuyu | niwêl lathi pipi sarya ngling | karone aracuta | bêbêda kang bagus | nulya pinaring busana | bêbêd ikêt sabuk kêlawan kulambi | kêris pêndhok suwasa ||

61. Nulya busana wong loro sami | pênganggènira apan kinêmbar | jlakithit padha baguse | ki dipati andulu | mring ronggèng ro sangsaya asih | siyang dalu karênan | jajambon anutug | ginilirakên trêkadhang | kinarsakkên ronggèng ro sarêng saratri | supe mring para garwa ||

62. Kang parèstri nora dènpraduli | mung Nurwitri lawan Mas Cêbolang | alèngkèt lir gula lèdèng | ing siyang dalunipun | Mas Cêbolang iriban liring | mring pra sêlir biyada | sisinglon pulang yun | lamun Nurwitri kinarsan | Mas Cêbolang nilip marang para èstri | gerang-gerêng kewala ||

63. Sakathahe para èstri-èstri | samya kedanan mring Mas Cêbolang | abagus gampang uwange | milanya samya tutut | Cêbolang yèn adus mring (n)jawi | èstri gêbèl ambegal | amrih pinulang [pinu...]

--- 5 : 24 ---

[...lang] hyun | linadèn anèng padusan | yèn wus tutug lumêbu angampir-ampir | rikatan (m)bari liwat ||

64. Dadya panjang kidunge parèstri | sandhung jêkluk angop kulakêpan | Mas Cêbolang kang dèn-ame | samya yon brangta wuyung | beda lawan Nurwitri tani | gêlême yèn jiniyat | sêtun roro têlu | tan ngêprah lir Mas Cêbolang | sêbab Kimas Cêbolang pan duwe aji | ya pangontong-ontong ||Kurang satu suku kata: ya pangontong-ontonga.

65. Bisa (n)duga sakarêping èstri | ingkang cilik lawan ingkang drêmba | miwah landhung lan cêlake | cinilik yèn ing ciyut | ingkang ombèr dipunagêngi | kang anggayêr doyanan | tri dalu tinutug | lan wêruh ênggonning rasa | wus jinajah rajanari ring pawèstri | traping asmaragama ||

66. Milanipun parèstri agampil | kang durung kêna kedanan rupa | kang wus kêkênan angenel | tan na dharatan ketung | katon bae raina-wêngi | kadya wong kasurupan | (n)joto lênguk-lênguk | lêkas obah anjêranthal | minthal-minthul akikinthil kang kaèsthi | konthole Mas Cêbolang ||

67. Abdinira èstri ki dipati | kathah ingkang sampun dinlajahan | kari kang wus kêmpong wae | sêtun roro têtêlu | ingkang nora dipun grèwèli | tuwin jawi anjêprah | kaprah rêbut ayu§ Prayoginipun / rêbut payu /. | angupaya pinilala | Mas Cêbolang bêlaba labuh mragadi | èbèr wani kelangan ||

68. Arta busana myang ali-ali | paringanira ki adipatya | pinaring sapanuwune | iya ganjarannipun | Mas Cêbolang tan nêdya sugih | mung ambandhani bedhang | dadya ngundhung-undhung | pan arêbut sisinglonan | kadi toya nèng talang têlas tan kari | amung têlês kewala ||

69. Mas Cêbolang kêlawan Nurwitri | ingkang lagya kanggêp kinasihan | kinungkung nèng (n)jêro bae | bisa kundur yèn adus | pan sinambi bedhangan nilip | nanging datan konangan | tingkahing asinglu | mung kang lumrah liliringan | tan ngapaa Mas Cêbolang jatinèki | ngayuti angayangan ||

--- 5 : 25 ---

70. Salaminira ronggèng kakalih | binot-sih pan wus pêndhak dina |Kurang satu suku kata: binotan-sih pan wus pêndhak dina. ki dipati ing linglunge | kawuron ronggèng kakung | kang kawêngku ing siyang ratri | wus supe langêning dyah | para garwanipun | tuwin pra prameyanira | pratelaning dasih tan arsa nampèni | milaur ronggèng lanang ||

71. Pan kaledhon kodhêng nandhang brangti | tita antara kêtarèng tingkah | kaanan kaucap ngakèh | ronggèng ro kang jinambu | bubukane ananggap singir | susah pra sêlirira | datan pinalaur | mung ronggèng lanang kinarsan | sakathahe para langên nekat sami | ambelani bêndara ||

72. Miwah Mas Cêbolang dènnya nilip | wus kawêntar pan (m)balunthahira | somahan randha sêdene | lanjar prawan kinrêmus | satingkahe anglêlanangi | sakèh kang duwe sanak | bojo myang sêdulur | samya panas atinira | mêksih ajrih nanging tansah ngincim-incim | dadya ngênêb kewala ||

73. Wis mangkana nahên ki dipati | kang lagya nèng gêdhong têtêlonan | tan kêna bênggang kalihe | sisiwo siyang dalu | datan suda malah saya sih | adhêmèl kadi gula | kêrakêt lir ancur | kanthil-kanthil kikintêlan | Mas Cêbolang Nurwitri ki dipati | nèng gêdhong gêgèndhongan ||

74. Nuju samana kalaning ratri | ki dipati lawan Mas Cêbolang | tan taha-tinaha dene | saking sih wus kacampur | woring karsa karasikaning | kulina kinalilan | tanpa krama matur | koko-kinoko kewala | ki dipati mèsêm angling bisik-bisik | marang Kimas Cêbolang ||

75. Sun têtanya marang ing sirèki | sayêktine êndi kang mirasa | mungguh wong jêjambon kuwe | apa ta ingkang jambu | kang kapenak bungahing ati | nikmate kang mirasa | apa kang jinambu | kang êndi bedaning rasa | Mas Cêbolang nauri gumuyu ngikik | pan sarwi acêcêpan ||

76. Kang satêmên-têmêne kiyai | iya mungguh prabedaning rasa | asangêt akèh kaote | mirasa kang jinambu | kumêsare amêratani | tan ana todhenira | rasaning tyas nganyut | amlêng cumlêng kalênyêran | nguncêr-uncêr mrêkinding pating gariming |

--- 5 : 26 ---

anggo dènaggang-anggang ||

77. Ki dipati kenyut tyas kêpengin | angandika marang Mas Cêbolang | sarwi (ng)galigik guyune | apa iya satuhu | yèn mangkono tuturirèki | lah payo coba-coba | yèn kaya tuturmu | sasmita wus kawistara | ginulingkên Mas Cêbolang pan angungkih | lingkabe ingkang wastra ||

78. Sinambrama ing srênggara manis | ki dipati winarga piluta | sakala supe priyane | lir dyah raosing kalbu | duk rinungrum ingarih-arih | wastra kirih wus singsal | warastra tumanduk | sumèndêg sêntuging wuntat | Mas Cêbolang nulya sarat matêg aji | pangontong-ontong makas ||

79. Lugu agêng akêngkêng tur titih | wus anjathok ing cithak dinadak | andêdêl sru pêmadale | ki dipati anjêpluk | mak pêt panonnira alangking | tyasira têrataban | kakobang kumêpyur | anêngkah-nêngkuh tan polah | pan sinêrot pantog ki dipati (n)jêlih | lah uwis aja-aja ||

80. Wurungêna bae adhuh uwis | ki dipatya (m)barêbêl kang waspa | andruwili sêsambate | kabotan ing panyatu | sanyatane dèrèng nglampahi | sapisan kêdrawasan | winisesa sêngkut | apan sarwi rinarêpa | ginunturan srênggara pêngarih-arih | rapêt sarèh tyasira ||

81. wontên rênggange tyasira kêdhik | tan bêtah kang sarira rêkasa | tansah ngêsah pamuwuse | sudanên pangêlutmu | lele gêdhe anyênyamari | dhuh wêlasa maring wang | tan kawawa tèngsun | Mas Cêbolang ngrês tyasira | pan ginêlak ing sakarsanira pinrih | supaya ge luwara ||

82. Rongèh pangregira byatning gati | kang kasrêgan ngadhuh ah ah ngêsah | dudu sabaèn-baène | ki dipati kêpuyuh | anjêngkêrung sangsaya sakit | (ng)gadhêdhêr akêjotan | gatining prana wus | warastra lon linuwaran | pan jumêbrol anjumbul jêjambu mijil | kêbês rêmbês ludira ||

83. Anêlêsi anèng kasur sari | sariranira ki adipatya | ngalumpruk marlupa cape | riweyanira kumyus | tulang kêju tan bisa osik | Mas Cêbolang sungkawa | myat bêndaranipun | tinuruh wus

--- 5 : 27 ---

sinotyanan | ngêmu waspa dènnira luwaran enjing | gêgêtun Mas Cêbolang ||

84. Nulya Nurwitri prapta nèng ngarsi | ambrêbês mili aparêmbeyan | nudingi siptèng kemase | Cêbolang ngawe wuk-wuk | netya pucêt angungun sami | apa sadina pisan | tan bisa alungguh | ki dipati dènnya gêrah | Mas Cêbolang anuduh marang Nurwitri | ngambil godhong pa-apa ||

85. Ingkang kinèn tan dangu aprapti | godhong pa-pa pupuse minantran | pan lajêng winênyêt bae | nulya jêjambunipun | pan pinêtêlakên ririh |Kurang satu suku kata: pan pinêtêlakên aririh. pulih wiwironira | (ng)gyanning ganda marumarus. | pan wus sênggang gêrahira | nanging taksih wontên lècèke sakêdhik | myang rapuhing sarira ||

86. Nulya sagêd lênggah ki dipati | animbali garwa sêlirira | sadaya prapta tan suwe | samya atap nèng ngayun | wus dinuga gêrahirèki | apan gêrah gêroah | tan lidok ujarku | ngandika lon ki dipatya | marang para sêlir mundhut dhahar aglis | anulya sinaosan ||

87. Wusnya dhahar linorotkên sami | ronggèng ro pinaringan lorodan | anutug nadhah kalihe | gya cinarikan sampun | ki dipati ngandika aris | mring garwa sêlirira | manirarsa kundur | tatanên panggonaningwang | gêdhong kulon rêsikana dènbarêsih | sakèhe garwaningwang ||

88. Aywa na kang lunga-lunga sami | angadhêpa bae raganingwang | aja irèn sarupane | kang liningan umatur | pan sadaya sandika sami | yata malih ngandika | mring ronggèng ro wau | hèh Nurwitri lan Cêbolang | ing saiki muliha mêtu kariyin | iya mring Pakauman ||

89. Ywa lunga nèng wismane Jamali | lamun ana ing sakarsaningwang | aja nganti suwe-suwe | dene paringanamu | kabèh padha gawanên mulih | manêmbah kang liningan | samya matur nuwun | wusnya ngandika saksana | ki dipati nulya kundur lan pra sêlir | mring dalêm agêng ngarsa ||

90. Yata Mas Cêbolang lan Nurwitri | mêdal mantuk maring Pakauman | kang ambêkta dandananne | parèstri jro kang

--- 5 : 28 ---

nyangkul | ngiring kimas lawan Nurwitri | tan dangu nulya prapta | wismaning pangulu | Ki Jamali uluk salam | nulya sêsalaman sarwi ngacarani | maring Kimas Cêbolang ||

91. Sami kalujêngan dene lami | anauri inggih kalujêngan | Ki Jamali pandongane | ki pangulu amuwus | anak-êmas lamun marêngi | mungguh rijêki Allah | kêrana Lah-ipun | pan kula mujur sidhêkah | sakadare pun anak (ng)gênnya maringi | arta kalawan sinjang ||

92. Sawontêne (ng)gih kawula ngêmis | saking sakêdhik winratanan |Kurang satu suku kata: saking sakêdhik winaratanan. sêbab kula (n)dongakake | Mas Cêbolang amuwus | inggih mangke kula ngaturi | anulya wus sinungan | sinjang arta sampun | wiyar ciyut lawan dhêstar | arta gangsal reyal Jamali nampani | maca Alkamdulilah ||

93. Nulya kang èstri nyai Jamali | ingkang anèm mèsêm-mèsêm mara | kula pundi ujurane | arta lan sinjangipun | gya sinungan arta tri ringgit | lan sinjang nulya kimas | pamit mundur mantuk | wus jênak nèng pondhokira | Mas Cêbolang tan suda balunthahnèki | sayambèr angêlantrah ||

94. Anèng jawi wus sadasa ari | Mas Cêbolang wus arang kêpalang | apulang yun lan bedhange | mitra pawèstri manggung | nama Jaemanis mantêsi | pêthêl maring pondhokan | èjlèk siyang-dalu | sabên-sabên tinimbalan | pan kêpanggih anèng pondhokanirèki | Cêbolang Pakauman ||

95. Pan binêndon kongsi dèn-gêbugi | suprandene nora tobat-tobat | maksih ambêlêbêt bae | irimban siyang-dalu | Jaemanis mêmanas ati | malah kagunganira | kathah icalipun | arta busana sandenya | asring Jaemanis ingkang nyonyolongi | sinungkên Mas Cêbolang ||

96. Samajade Mas Cêbolang sugih | pan cinatur manggung sêlir samya | ingkang wus wawuh waune | agung pawèwèhipun | busanarta lan buratwangi | ingkang dadya jaruman | Jamal rabinipun | nyai Jamal langkung bisa | luwih dhangan duk ênome dadya ringgit | sinêlir ki dipatya ||

97. Linorot pan pinaringkên maring | Ki Jamali apan wus patutan |

--- 5 : 29 ---

kakalih pan mati kabèh | marma lir prawan kêncur | arang kang wruh yèn wus sisiwi | dhasar wus wanuh lawas | lan kimas puniku | nanging kang lanang tan wikan | mung bojone kang tuwa nyai Jamali | wêwadul mring kang lanang ||

98. Ki Jamali maksih nêngah minggir | winadulan bojone kang tuwa | nanging tinampèl wadule | yèn nuju giliripun | mring kang ênèm rêmên kapati | rinampat sabên dina | olèh kang jinaluk | saciptane linadènan | liwêt angêt lombok kêncêng lawan pêtis | dhèndhèng gorèng gêpukan ||

99. Yèn panganan srabi bang wi lêgi | tan ginapan saliyane ana | kang nèm langkung gumatine | yèn gilir mring kang sêpuh | krêp kapiran asring kalintir | saanane pinangan | mung warêg wêwadul | tan ginitèng wadulira | ing batinne Ki Jamali pan wus uning | sêsenggolan kewala ||

100. Nora dadi pikire kang runtik | tan ngapaa (n)jaban pari mana | mung (m)buru rênêse bae | nadyan wêruha tuhu | bisa ngêmpêt nêpsu ngatingi | yata ngalama-lama | Mas CêbolanCêbolang. wau | datan kenging sinayutan | gênti-gênti sêlire ki adipati | akathah ingkang prapta ||

101. Jarumane pan nyai Jamali | ngiras jaruman talang turunnya | tur dhêmitan suprandene | kêburan akèh kang wruh | katur marang ki adipati | kathah ngabên ing basa | dhasar abdinipun | dipati gêthing sadaya | sang dipati miyarsa kalangkung runtik | pan wus gêmpal sihira ||

102. Arsa tinukup cinara maling | nulya nimbali mas patih sigra | tan dangu praptèng ngarsane | lan saprameyanipun | ki dipati ngandika wêngis | mas patih sunmiyarsa | pawarta kang saru | yèn si Cêbolang nyalunthang | angalunyat apa nyata wani-wani | mring para sêliringwang ||

103. Kang katitik mung si JaemaisJaemanis. | sabên suntimbali nora nana | katêmu anèng pondhoke | pisan pindho ping têlu | yèn mêngkono cêmêr si santri | ngilangkên kabêcikan | kaya asu buntung | bêcik si dhalang badhutan | nora wurung mêtu edane si anjing | tan kêna binêcikan ||

--- 5 : 30 ---

104. Kimas patih matur (m)biyantoni | inggih lêrês duduka paduka | ing jawi gumyah wartane | èstri kathah cininthung | centhang cènthêng amêngarahi | kang dèniwat ambêkta | sagadhahanipun | busanarta nyanyamikan | milanipun abdi kathah ngincim-incim | anging ajrih paduka ||

105. Yèn angsala pangaja kang abdi | angêjura dhatêng pun Cêbolang | abdidalêm sêdayane | samya gêthing andulu | datan wontên rêmên satunggil | mas patih musawarat | ing prameyanipun | sadaya saur kukila | inggih lêrês ki lurah aturirèki | tan wontên ingkang lêpat ||

106. Myang kancakula prameya santri | wontên bojone ingkang kakênan | tuwin anak sadulure | ing mangke wêwah purun | angrêsahi langên priyayi | prayogi dipunpurak | dimènne jurmumur | tan pantês ingingu gêsang | pra prameya samya sagah ting barêkis | nèng ngarsane dipatya ||

107. Ki dipati ningali pra mantri | samya (ng)grêgut solahe gambira | wontên sudane sukane | awêlas jroning kalbu | angandika marang mas patih | kapriye akalira | aja kongsi luput | ing patine si Cêbolang | aywa kongsi kawruhan wong sanagari | mas patih atur sêmbah ||

108. Lamun parêng karsa sang dipati | ringkês cinara pandung kewala | kinawalan panyidrane | daraponipun sampun | ki dipati pan wus marêngi | yata malih ngandika | mring mas patih gupuh | lah ywa akêlayatan | mêngko bêngi tukupên caranên maling | mas patih tur sandika ||

109. Nulya kapilih kang para santri | kang pitaya angêntasi karya | rolas kang wani ing gêtèh | pan dhinawuhan sampun | ing pratingkah ngangkah wêwadi | dènkêna aywa jorah | caraning asamun | prameya matur sandika | nulya kinèn luwaran sadaya mijil | wus samya asêdhiya ||

110. Lingsir kilèn Asar wayahnèki | yata ingkang wontên pêpondhokan | pasantrèn Pakaumane | Mas Cêbolang duk lungguh | lan santrine papat bibisik | matur yèn angsal warta | nanging warta tuhu | apan wus katur sadaya | sarêng miyarsa Mas Cêbolang [Cê...]

--- 5 : 31 ---

[...bolang] ngrêsing galih |Lebih satu suku kata: sarêng myarsa Mas Cêbolang ngrêsing galih. nutuh sariranira ||

111. Yata pikir badhe angoncati | ing rêmbuge santrine sakawan | nênggih wus surup wayahe | kimas gumingsir gupuh | santri gendhong tan ana kari | lumêbèng wanawasa | bok bilih binujung | marma lumêbèng ing wana | langkung brangta ing cipta pan badhe mulih | mring rama atur tobat ||

324. Asmaradana

1. Lan malih matur wus mari | nglakoni tindak (m)bêlasak | yata samana osike | santri matur paran karsa | ing lampah sampun tita | anggung kabegal ing bathuk | wus sêdhêng mêmarènana ||

2. Punika minangka peling | andika putrèng oliya | lan malih wus wruh surupe | namane ing batal karam | prandene dèntêrajang | Mas Cêbolang sauripun | lah iya wus bênêr sira ||

3. Mungna kang wus sunlakoni | yèn malih anglakonana | tobat nasongka§ Prayoginipun / tobat nasoka /. yêktine | rumangsa yèn antuk dosa | nunjang walêring bapa | kapindho dosèng Hyang Agung | dene sun angrusak sanak ||

4. Katut panggawene eblis | kaparêng maksih rinêksa | pan ora sida macèthèt | santri Saloka turira | nadyan (n)dika mantuka | wontên antuk-antukipun | yèn dinangu rama tuwan ||

5. Bab musawarating ngèlmi | rèhning kesah sampun lama | sampun katon têmên mangke | lunga nut pikir (m)bêlasak | yêkti wuwuh dinukan | mring ramanta sang awiku | kimas aris aturira ||

6. bênêr karsanira ugi | lah ta paran karêpira | ingsun darma nurut bae | Ki Saloka aturira | lamun parêng kang karsa | apan ing gunung Sêmèru | pawarti wontên wong tapa ||

7. Langkung dènnya mati-ragi | kinasihan ing Hyang Sukma | buntas ngiwa panêngêne | aran Buyut Danadarma | nanging wus ngraga-sukma | yèn kang sinung rahmat wau | sang pandhita yêkti ana ||

--- 5 : 32 ---

8. Yèn kang tan sinung rahmati | anênggih suwung kewala | puniku ing pawartane | Kartipala nambung sabda | lêrês ingkang pawarta | duk ing dhingin kula tumut | marang swargining pun bapa ||

9. Pan wong nênêm kang lumaris | tur samya apêjah-brama | pitung dina ing lamine | prandene suwung kewala | ulihe pêlarasan | malah wontên wong kang tutur | ngalih mring guwa Sigala ||

10. Ki Cêbolang mèsêm angling | jajal ayo pinaranan | suntandhane awakingong | yèn ingapura ing Hyang |Kurang satu suku kata: yèn ingapura maring Hyang. sayêkti têka ana | yèn tan ngapura ta ingsun | pêsthine iku tan ana ||

11. Yèn mangkonoa upami | yêkti ingsun tur§ Prayoginipun / ngur /. matiya | lêbur anèng ngardi kono | lah kowe bae muliha | matura kyai bapa | wus saya rumangsaingsunrumangsaningsun. | yèn akèh dosa-manira ||

12. Ing Hyang Sukma lawan malih | Kangjêng Nabi kang mustapa | yata wus lajêng lampahe | marang gunung Mèru-dipa | samana byar raina | mêdal saking ing wana gung | nurut wana têrataban ||

13. Ngambah jurang ngiring-iring | pèpèrèng parung paparang | tumurun ing jurang sigrong | tan ana durgama ketang | [...] |Kurang satu baris: 7a. langkung sajroning kalbu |Kurang satu suku kata: kalangkung sajroning kalbu. dènpêpati sariranya ||

14. Datan kawarna ing margi | samana pan sampun prapta | ing Mèru-dipa sukune | anênggih ingkang lèr wetan | pan wontên guwanira | yèn kang tan antuk pitulung | guwa punika tan ana ||

15. Yata nèng ngandhap kusambi | sira Ki-êmas Cêbolang | lawan wong papat rewange | tumingal guwa tan ana | langkung susahing driya | Cêbolang maras ing kalbu | ngrasa yèn ora katrima ||

16. Angling mring santrinirèki | wis kabèh padha muliha | matura ing rama mangke | wus kalêbu ujaringwang | yèn ingsun tan panggiha | kêlawan ingkang pilungguh | wus sunsêdya ngur matiya ||

--- 5 : 33 ---

17. Anèng ing kene wakmami | santri papat aturira | lêbura kawula (n)dhèrèk | sanadyan pêjah gêsanga | ywa pisah lan andika | mendah silih dukanipun | ramanta dhatêng kawula ||

18. Mas Cêbolang angling malih | yèn mangkono karêpira | suntarima sira kabèh | payo padha rewangana | manêdha mring Hyang Sukma | supaya têmuwa ingsun | iya lawan sang tapa ||Kurang satu suku kata: iya lawan sang atapa.

19. Samana kasaput ratri | lajêng sami salat kajat | anèng ngisoring pèpèrèng | kèh swara tan piniyarsa | mung andulu satunggal | Kang karya sagara gunung | Kang tan samar mring kawula ||

20. Samana wus pitung bêngi | (ng)gènnira apêjah-brama | nèng ngisoring guwa kono | (ng)gènnira mrih kinanthiya | dhumatêng sang pandhita | yata duk samana wau | Mas Cêbolang sinung rahmat ||

325. Kinanthi

1. Mung badanne bae sinung | uninga mring sang atapi | santri papat tan uninga | yata sang tapa duk linggih | pitêkur jawining guwa | tan samar marang kang prapti ||

2. Yèn sutane mitranipun | sigra ingawe mring ngarsi | Mas Cêbolang gupuh mara | praptane sigra nungkêmi | ing padane sang pandhita | sang tapa angrangkul aris ||

3. Sarwi angandika arum | owêl têmên sira iki | dhasar anaking pandhita | kapindho warnamu sigit | dene polahmu (m)bêlasak | apa wus tobat sirèki ||

4. Dene katêmu lan ingsun | tur sêmbah kang sinung angling | matur inggih sèwu tobat | yèn anglampahana malih | nênggih panggawe kang salah | ngêmungna kang wus kawuri ||

5. Gumujêng sang apalungguh | sarwi angandika malih | owêl têmên ngèlmunira | wulange ramanirèki | (n)dadak sira (ng)go slèwèngan | mêngko ingsun awawarti ||

6. Yèn sira durung sumurup | ramanira lawan mami | aprasasat tunggil wêlat | duk anom lan ingsun iki | guru Sèh Kadir Jalena | Kiagêng ing Karang dingin ||dhingin.

--- 5 : 34 ---

7. Anèng Karang têlung taun | pondhoke tunggil lan mami | pisah-pisah barêng tuwa | wus tega prêcaya sami | (ng)gon tinitah anèng dunya | nadyan tan kapanggih lami ||

8. Ramanira lawan ingsun | sasat tan pisah saari | saking wus tunggil ing rasa | nanging manira wus (n)dugi | kang pinaringkên ing sira | parabote salat daim ||

9. Arsa ginayuhkên dhuwur | sunduga ramanirèki | durung prêcaya ing sira | kang sinung ujar wotsari | matur mangsaborong tuwan | kados sampun ngudanèni ||

10. Yata papat santrinipun | samya gêgêtun tan sipi | myarsa lurahe katrima | sinung uninga sang rêsi | kêtara bikut sêmbahnya | mokal yèn nyêmbah ing sêpi ||

11. Yata sang pandhita sampun | nyipta dhaharan mawarni | sinuguhkên kang aprapta | aglar nèng ngarsanirèki | sêkul ulam dhadhaharan | Mas Cêbolang (n)jêngêr uning ||

12. Tumon saktine sang wiku | kalangkung dènnira ajrih | sang tapa alon lingira | payo mas dhaharên nuli | iyèku riayanira | wong amêntas patigêni ||

13. Kang sinung ling matur nuwun | yata wus anadhah nuli | langkung saking kanikmatan | sang tapa pan angecani | tumut adhahar wowohan | dangu dènnira abukti ||

14. Sawusira dhahar matur | Mas Cêbolang mring sang tapi | punika rencang kawula | paran karsa tuwan inggih | punapa inggih kenginga | lawan paduka pêpanggih ||

15. Sang tapa aris sumaur | iku babo nora kêni | lah iya sanadyan sira | mung sunwangêni sawêngi | bèn sesuk nuli muliya | marang Sokayasa ardi ||

16. Ramanira sakêlangkung | onênge mring sira ugi | lan malih yèn ramanira | dhayohan putra wus lami | loro kang siji wanodya | iyèku putra ing Giri ||

17. Sarusake Giri iku | binêdhah mring Pangran Pêkik | garwa putra pan sadaya | binoyong marang Mantawis | ana putra sing ampeyan | titiga tunggil sabibi ||

--- 5 : 35 ---

18. Jayèngrêsmi ingkang sêpuh | mangulon paranne ngungsi | Jayèngsari pan arinya | lan arinipun pawèstri | yèku babo ingkang prapta | têmu lan ramanirèki ||

19. Wus lawan gyannira pangguh | iya sapungkurirèki | Mas Cêbolang duk miyarsa | pangandikane sang yogi | kumêpyur ana kêrasa | ing tyas tamu kang pawèstri ||

20. Tur sêmbah alon umatur | yèn parêng karsa sang yogi | rencang kawula punika | badhe kawula-wartani | yèn amba ing dintên benjang | anggèn paduka nglilani ||

21. Sang tapa ngandika arum | iya wartanana sami | lan maninge maringana | sêkul lan dhaharan sami | kang liningan sigra mentar | (m)bêktèng dhaharan lan nangsi ||

22. Miwah lan saulamipun | mawarna-warna mêpêki | praptane sinungkên sigra | santri papat suka ngênting | yata nulya winartanan | kapat sukane tan sipi ||

23. Mas Cêbolang sigra wangsul | prapta ngarsane sang yogi | gambuh ing solah wiraga | samana kasaput ratri | sang tapa wus manjing guwa | Mas Cêbolang pan ingirid ||

326. Gambuh

1. Praptèng jro guwa sampun | sang tapa lênggah ing sela pingul | sang mintasih anèng keringira linggih | yata jatèni asung wruh | sang tapa marang sang anom ||

2. Dene wong urip iku | ingkang sayêkti pasthi yèn sinung | kanugrahan marang Hyang Kang Maha Tinggi | ingaran baban§ Prayoginipun / badan /. cahya nur | wiwitan wêkasan kono ||

3. Pasthi lajêng puniku | ananing Hyang dene ta sirèku | wahya mulya tan kajisim ananèki | punika pan arsa wêruh | kang sinung ling matur alon ||

4. Rumiyin amba ngrungu | nênggih ingkang wirayat punikaGuru lagu seharusnya: 10u, nênggih ingkang wirayat puniku. | pan paesan wahya jati kang sayêkti | jatmika kadulu lêmbut | punapa inggih sayêktos ||

--- 5 : 36 ---

5. Sang tapa ris sumaur | dening kang aran paesan iku | sayêktine iya jasat roh-ilapi | paesan jatmika iku | lêmbut tan bisa maring (ng)gon ||

6. Dene ta wijilipun | wahya jatmika jasat puniku | ing têgêse kabèh iku roh-ilapi | pan paesan têgêsipun | ywa salang-suruping kawroh ||

7. Ana malih winuwus | paesan tan mantuk ing dhirèku | lawan jasat iya tan marêk ing dhiri | iya êndi rupanipun | paesan kang ngilo jatos ||

8. Lawan wayangan iku | êndi silih iya purbanipun | Mas Cêbolang umatur saha wotsari | kasinggihan sang pukulun | kawula nuwun jinatos ||

9. Sang tapa mèsêm muwus | Allah iya ing sasmitanipun | apan kadi ing wulan ananirèki | paesan kang kawahyèku | jatmika lêmbut tan awor ||

10. Êndi ta rupanipun | wahya jatmika tan anèng wujud | lunga ingkang paesan paran puniki | undhak-undhak sasmitèku | ana kang angilo kono ||

11. Kadi paesan sèwu | wêwadhahe paesan di luhung | datan ana rupanta anane nênggih | gêdhah isi hèrnawèku | yèku prênahe Hyang Manon ||

12. Padhêsi wulan iku | sami rupa sasi gêdhah sèwu | kasênênan dènirèng gêbyaring sasi | sasi tunggil warnanipun | êndi sasine kang yêktos ||

13. Kang sinung ujar matur | inggih tuwan jarwakna pukulun | sang tapa ngling dene sasmitaning sasi | kang nèng jro paesan iku | aisi madu kinaot ||

14. Dene kang wahya iku | apan wêwayangan yêktinipun | apan dudu kaananing Hyang Kang Jati | lamun sira arsa wêruh | angilowa damar kono ||

15. Lir jasat sumbunipun | iya iku mangka jisimipun | iya êndi rupane jasat puniki | kawruhana urubipun | lan surupe arsa wêroh ||

--- 5 : 37 ---

16. Ya uripe puniku | duk durung prapta di uripipun | lawan êndi rupane damar puniki | yèn mati (n)di (ng)gon sumurup | labête gêni kang rawoh ||

17. Sasmitaning nyawèku | ênggih lawan jisimira iku | iya êndi rupane nyawa lan jisim | api êndi labêtipun | kang sinung ling matur alon ||

18. Têgêse Islam iku | sampurnane êndi ingkang tinut | sang pandhita aris dènnira nauri | rokani rêke puniku | kalbune mukmin kinaot ||

19. Mukmin ingkang linuhung | ingkang tan pêgat sêmbahyangipun | dene padhanging tyas kang arsa matitis | kang bisa matêkkên iku | ing badan anggung winasoh ||

20. Pasthi kalamun sinung | padhanging tyas ya maring Hyang Agung | kang liningan umatur sarya ngabêkti | kawula malih umatur | têgêse salat kinaot ||

21. Mênggah ing têrtipipun | adêge utawi yèn alungguh | sang tapa ngling kang rukuk pan asal angin | dene iya uripipun | asal bumi kang alunggoh ||

22. Dene takbir puniku | makripate kang sampurna iku | olèh banyu dene kang sarengat singgih | kasuciyane puniku | tan owah-gingsir ing ngênggon ||

23. Lan tan woworan iku | dènnira non marang ing Hyang Agung | ing lungguhe kakekat lungguhe nênggih | yun angrawit ing pandulu | lan tan owah ing wiraos ||

327. Sinom

1. Kang sinung ling matur nêmbah | paran ingkang asal angin | lawan kang asal pratala | sang pandhita anauri | adêg uripirèki | sabda Allah tahyadipun§ Prayoginipun / tahyatipun /. | pan iya iku Allah | sabdèku rukuning singgih | sujud Allah urip nêlahi buwana ||

2. Pan lungguhe ingkang sabda | sêmbahyange iku singgih | tan pêgat ing takbirira | rukun sadat sarengati | kang tarekat puniki |

--- 5 : 38 ---

sêmbahyang rêke pamuwus | asal angin punika | kalawan toya sajati | ayun awas babo ing paningalira ||

3. Dene sipat têgêsira | karêp-karêp kang puniki | marang panggawe utama | karêp kang mring rasa jati | rasa kang idhêp maring | Muhamad tuwin Hyang Agung | asale bumi ika | lungguhe kakekat singgih | asal angin pan orangora. kêna ingêsat ||§ Prayoginipun / ingisab /.

4. Asal bumi saking hawa | banyu saking aksarèki | alip kang mangke wêkasan | kang liningan matur aris | tuwan lajêngna malih | pan mèh padhang manahulun | gumujêng sang pandhita | sarwi awêcana aris | karêp lawan cahya pan ing têgêsira ||

5. Madi têgêse Muhamad | kahnaning nêpsu puniki | kang asal angin punika | dadi badan iku yêkti | dhadha dadining warih | êdad saking bumi iku | ampêru saking brama | banyu apan dadi ati | banyu luhung seje ingkang dadi dhadha ||

6. Angin apan dadi swara | bumi luhung dadi budi | êndi kang katur Pangeran | iya ingkang anèng ngarsi | dènwaspada sirèki | bumi kang katur rumuhun | paran ing aturira | nur cahya ingkang sayêkti | asal banyu nênggih sujude punika ||

7. Nora katur ing Pangeran | nur-mani yun kang nampèni | asal bumi saking rasa | ya rahman iku sayêkti | ranne kang ngrungu nênggih | de pangucap jroning kalbu | iyèku abulolah | lir cahya warninirèki | jro sêgara uripe pan kadi rêtna ||

8. Lungguh pucaking kang grana | kang rukuk pan asal warih | dènadhêpkên mring sirolah | cahyaning lir lintang ngalih | wruh ing jasad pribadi | parêke lawan Hyang Agung | nora sakuthu iya | lan Pangeran rasa tunggil | ing artine wus nora nana Pangeran ||

9. Wus puji-pinuji dhawak | angèl kang ujur puniki | yèn kang tan sinung nugraha | saratana mati-raga | karêmêning Hyang Luwih | manungsa kang tabri namun | kang anggung mati-raga | kang rumasa (ng)gènnya urip | nora pisan ngaku uripe priyangga ||

--- 5 : 39 ---

10. Ngrasa-a yèn badhe pêjah | anèng donya iki kampir | sumungkêm Kimas Cêbolang | ing padanira sang tapi | matur kang mugi-mugi | angsala brêkah pukulun | sagêd anglampahana | ing wulange sang ayogi | pan sinigêg samana wus byar raina ||

11. Sadaya dènnya mumulang | ing ngèlmu ingkang ginaib | kang winulang tyasnya padhang | samana tinundhung mulih | sarta winêling-wêling | tur sêmbah kimas dyan mundur | mêdal saking jro guwa | wus panggih lan rencang sami | pan winartan sarèh kalanèng jro guwa ||

12. Rencang papat samya bungah | nêrka yèn kimas ing mangkin | karêm marang kautaman | yata lajêng mangkat sami | (n)darung lampahirèki | (ng)gènnira badhe umantuk | daya-daya wikana | nênggih dhatênging têtami | kunêng ingkang nèng marga gantya winarna ||

13. Kang nèng gunung Sokayasa | Jayèngsari pan wus lami | anèng ardi Sokayasa | lan ari Kèn Rancangkapti | anglir putra (ng)gèn-yogi | sang tapa pangrêngkuhipun | pan wus têlas sêdaya | ngèlmu ingkang haib-haib | kang ginêdhong kinandhut wutah sêdaya ||

14. Dhasar manahe rahadyan | pasang graitane lantip | marma sang tapa sangsaya | trêsna trusing lair batin | dening asmarèng ngèlmi | mèh supe putra kang nglangud | nanging sang apandhita | tan samar putra mèh prapti | lawan sarta antuk nugrahaning Suksma ||

328. Asmaradana

1. Samana sang tapèng lagi | pinarak anèng ing langgar | bakda Asar ing wayahe | pan amulang ngèlmu rasa | marang kang wau putra | lan mulang rakiting laku | kang bisa mati jro gêsang ||

2. gêsang sajroning kapatin | sêlamine mung punika | kang dèrèng winulangake | santrine ngadhêp nèng ngandhap | nênêm ingkang sadaya | nèng têgal adhangir kimpul | otèk jagung lan kêtela ||

--- 5 : 40 ---

3. Timun kênthang lan kêrai | nahên wau kang lumampah | kapidulur lan santrine | datan kawarna ing marga | samana sampun prapta | ngandhap Sokayasa gunung | yata langkung patêgalan ||

4. Kagyat kabèh wong kang (n)dhangir | tumingal mring Mas Cêbolang | sigra sami mara age | praptane sami karuna | angling kula tan nyana | yèn andika ingkang rawuh | dene lami têmên nyawa ||

5. Kesah andika mring pundi | kanca-kanca pan anêdya | ngupaya ing sarirane | rama andika tan suka | makatên kang timbalan | wus aja kudu ko(k)ruruh | besuk pan eling priyangga ||

6. (m)Balèni panggawe bêcik | (ng)guwang panggawe kang ala | yèn sanyata anakingong | aywa susah kaupaya | besuk mulih priyangga | tur anggawa ngèlmu luhung | punika kang pangandika ||

7. Rama andika ing nguni | marmane kanca manira | sami akèndêl kemawon | gumujêng Kimas Cêbolang | sami aris wacana | dening daya-dayanipun | oliya ngèlmu sampurna ||

8. Lawan suntanya sayêkti | kangjêng rama kadhatêngan | rara sawiji bature | ing pawarti wus alawas | ing kene kadhatêngan | ingkang tinanya amatur | saèstu wontên wong prapta ||

9. Saungkur andika inggih | mung kaot sapuluh dina | tamu punika praptane | (m)bêkta sadhèrèk wanodya | warnanipun yu endah | rama paduka sang wiku | kalangkung (ng)gènnira trêsna ||

10. dhatêng ingkang wau prapti | kinêmpit dalu raina | lir putra (ng)gèn yoga dhewe | miwah ta ibu paduka | sami makatên uga | tan mantra-mantra puniku | lamun putra pêpanggiyan ||pêpanggihan.

11. Nanging ta wartaning warti | puniku pan palajêngan | putra ing Giri Kêdhaton | duk bêdhahe Sukaraja | garwa putra parêkan | binoyong marang Mantaram | puniku (ng)gènnipun kesah ||

12. Têgêse puniku ngungsi | anamur amêndhêm kula | marma ramanta yêktine | kêlangkung (ng)gènnira wêlas | dhatêng kang wau prapta | kados tan samar puniku | ramanta sang apandhita ||

--- 5 : 41 ---

13. Marang puniku kang prapti | Mas Cêbolang aris mojar | wis payo matura age | iya maring kangjêng rama | kalamun ingsun prapta | pan wus tobat kapok ingsun | narajang walêlingwalêring. bapa ||

14. Aturêna kabèh sami | sagunging supataningwang | agupuh ingkang kinèngkèn | minggah marang ing aldaka | yata sapraptanira | ing ngarsanira sang wiku | sang pandhita wus uninga ||

15. Sinamur atakèn aris | dene gati lakunira | lah baya ana gawene | Ragatruna atur sêmbah | amba atur uninga | yèn putra paduka rawuh | kèndêl anèng patêgalan ||

16. Amba kinèn tur upêksi | inggih dhumatêng paduka | pan akathah prasêtyane | karuna dhatêng paduka | yata katur sadaya | saliring pitungkasipun | sang tapa gumujêng suka ||

17. Ngandika sukur yèn mari | panggaweyane kang salah | eling lamun putraningong | Jayèngsari matur nêmbah | punapa ta punika | kang tuwan raosi dalu | putra paduka kang kesah ||

18. Sang pandhita anauri | iya kulup arinira | kang suncatur salawase | nanging sunduga ing mangkya | wus eling têtêmênan | kadangira watarèngsun | bangêt tobat ing Pangeran ||

19. Jayèngsari matur aris | kados lêrês sabda tuwan | inggih kadospundi malih | kalamun botên mantuna | punapa tan rumangsa | lamun putranta pukulun | gya gumujêng sang atapa ||

20. Ngandika Ragatruna glis | inggal nulya timbalana | Ragatruna wangsul age | praptaning ngandhap wus panggya | lawan Kimas Cêbolang | Ragatruna lon umatur | paduka anggèr ngandikan ||

21. Ing rama tuwan dèn-gipih | pan sampun katur sadaya | sawêling andika rêke | prasêtya katur sadaya | dhatêng rama paduka | sarêng myarsa aturulun | ramanta kalangkung suka ||

22. Kula kinèn wangsul gipih | animbali jêngandika | yata Mas Cêbolang age | minggah umarêk ing rama | sarêng wau katingal | kang rama angawe gupuh | kang putra lumampah enggal ||

23. Sapraptaning ngarsa nuli | anungkêmi padèng rama | kang rama nêsêp êmbunne | pan sami anênggak waspa | Mas Cêbolang [Cêbo...]

--- 5 : 42 ---

[...lang] karuna | akathah prasêtyanipun | katur dhatêng ingkang rama ||

24. Yata Radèn Jayèngsari | tumungkul anênggak waspa | pan karasa sarirane | akathah ingkang karasa | kèngêtan kadangira | tan karuwan parannipun | nêbut sadalêming driya ||

25. Sang pandhita ngandika ris | mring putra Kimas Cêbolang | lah payo kulup dèn-age | ngabêktiya kakangira | lan babo iku nyawa | pan ya sêdulurmu sêpuh | suntunggilkên roh lan sira ||

329. Mêgatruh

1. Yata ingkang liningan anulya gupuh | ngabêkti mring Jayèngsari | sawusnya tata alungguh | rêsêp tyase Jayèngsari | marang ingkang lagya rawoh ||

2. Ngalêm ing tyas Jayèngsari mring kang rawuh | iki wong ladak mantêsi | sasolahira apatut | layak wanodya kèh asih | andulu wong kang mêngkono ||

3. Tan prabeda Mas Cêbolang mawas (n)dulu | angalêm sajroning ati | angling ing tyas dene bagus | dhayohe rama kiyai | wingit cahyane mancorong ||

4. Ajatmika pasaja bagus aruruh | yata kang rama ngling aris | Jayèngsari putraningsun | aja taha-taha kaki | mring arinira angrêngkoh ||

5. Kang liningan tur sêmbah langkung anuwun | umatur sarwi wotsari | mugi èstuwa pukulun | sagung timbalan kang maring | kawula wau kang dhawoh ||

6. Dene sangêt arêmên tuwan angrêngkuh | mring kula wong kawlasasih | marmamba langkung anuwun | mung Allah kang Maha Tinggi | nêksènana raganingong ||

7. Anggêpamba mring tuwan trus batin kalbu | atanapi sira yayi | aywa taha mring wakingsun | ingsun iki ngungsi urip | ngungsèkkên sadulur wadon ||

--- 5 : 43 ---

8. Anèng kene têmahan ingambil sunu | marang ing kangjêng kiyai | pan yakti sun utang umur | nuhun-nuhun kang sinung ling | yata sang tapa agupoh ||

9. Animbali marang ing rubiyahipun | kang pinanggil mêdal nuli | lawan wau putranipun | sira Nikèn Rancangkapti | dangune pijêr nèng pawon ||

10. Bok rubiyah tan uning yèn putranipun | Mas Cêbolang ingkang prapti | sapraptaning langgar (n)dulu | mring putra pan rada pangling | wus lami dènnira (m)bolos ||

11. Sang atapa anjarag pan ora tutur | Mas Cêbolang gupuh nuli | ngraup padaning kang ibu | kang ibu wus mari pangling | wusana nangis anggêmbor ||

12. Lara-lara akathah sêsambatipun | katuwone sira gusti | apa tan wêlas maringsun | lan malih sira wus eling | yèn atmajaning kinaot ||

13. Ingkang putra wlas tangise ingkang ibu | sênggruk-sênggruk mèlu nangis | Rancangkapti lênggah pungkur | (n)dhakukul (m)barêbêsmili | langkung wlas mulat ing êmbok ||

14. Dening langkung (m)bok rubiyah trêsnanipun | lir ibu-ibu sayêkti | marma Rancangkapti muwun | tan nangisi ingkang prapti | saking wlas (n)dulu mring êmbok ||

15. Sang pandhita alon angandika arum | wis padha aywa nangisi | aran praptane rahayu | sung tarima§ Prayoginipun / sutanira /. sinung eling | marang Hyang Suksma kinaot ||

16. Tan winuwus kang onêng marang ing sunu | yata ing antara lami | rêmbag kalih-kalihipun | Jayèngsari anglangkungi | mau dènnira acondhong ||

17. Marang Kimas Cêbolang lir kadang tuhu | tan kenging pisah saari | samya angrasakkên ngèlmu | runtut wus tunggil pamanggih | marma ywa tanggung dadya roh ||

18. Pan cêndhake bae ing wau cinatur | samana sampun apanggih |

--- 5 : 44 ---

Mas Cêbolang lawan wau | sira Nikèn Rancangkapti | siyang dalu akarongron ||

19. Ibu rama langkung sukanirèng kalbu | miyat mring putranirèki | (ng)gènnira krama aruntut | yata ing antara lami | kang rama grah lajêng layon ||

20. Ingkang putra langkung sungkawanèng kalbu | antawis ing pitung ari | kang garwa nusul asurut | lajêng sinare anunggil | lan sang tapa kilèn gandhok ||

21. Langkung dening sungkawa kang kantun-kantun | saya kagagas ing galih | Jayèngsari ciptanipun | dene ta kurang sathithik | dhawuh kang timbul maring ngong ||

330. MaskumambangTeks asli: Masmumambang.

1. Pan antara sawulan surudirèki | sira sang atapa | santri Saloka tur pèksi | mring Jayèngsari wawarta ||

2. Amarêngi lênggah masjid lan kang rayi | sira Mas Cêbolang | lan garwane Rancangkapti | pan agunêm ngèlmu rasa ||

3. Kagyat myarsa Saloka sarêng turnèki | ilang bayunira | sira Radèn Jayèngsari | tumungkul asangga uwang ||

4. Ki Saloka matur malah wus kaping tri | ing sasurudira | ramanta kangjêng kiyai | wong punika (ng)gènnya prapta ||

5. Panggih lawan kula langkung nyalawadi | wong kakalih apan | abusana cara santri | ngakên santri Surabaya ||

6. Tan anyana kula yèn punika têlik | (ng)gèn takèn ing radyan | langkung dening niti-niti | kawula inggih bêlaka ||

7. Wingi kula mring ngare sampun kapanggih | sanak Surabaya | mring wismanipun Pak Kêmis | lajêng (n)jawil mring kawula ||

8. Yèn paduka kaginêm Pangeran Pêkik | sabab wong punika | padagange Pangran Pêkik | marma ing gunêm waspada ||

9. Saya anglês rahadèn duk amiyarsi | aturing Saloka | ngandika ris mring kang rayi | lah yayi sira kariya ||

--- 5 : 45 ---

10. Ingsun titip marang garwanira yayi | bok mênawa lêpat | poma apuranên yayi | manira arsa mulana ||

11. Ngong-oncati gunêm kang tan bêcik iki | nanging iya poma | wartakna (ng)goningsun yayi | yata kang sinung wacana ||

12. Mas Cêbolang lan garwanira nungkêmi | padane kang raka | sarya sru dènnira nangis | Rancangkapti mêgap-mêgap ||

13. Apan lajêng kantaka Kèn Rancangkapti | pan wus§ Prayoginipun / wit /. timur mula | yèn muwun pêgêl kang galih | atêmah niba kantaka ||

14. Jayèngsari yata angandika aris | adhuh ariningwang | adat têmên sira iki | yèn nangis banjur kantaka ||

15. Ngêndi ana ing wong pipikiran bêcik | têmahane padha | andadak sira tangisi | yata sira Mas Cêbolang ||

16. Ingkang garwa pinangku sarya anangis | adhuh mirahingwang | paran polahingsun kari | yèn sira tulus palastra ||

17. Baya-baya ingsun edan turut margi | nimas awunguwa | yata Radèn Jayèngsari | kang rayi wus sinotyanan ||

18. Nulya nglilir pupungun anangis ririh | angling ingsun kakang | suthik kari anèng ngriki | sanadyan mati uripa ||

19. Nora gêlêm pisah lan sira sayêkti | gumujêng kang raka | nora kaya sira iki | munduran kaya duk bocah ||

20. Pae dhingin sira duk durung akrami | saparan pan mangsa | kênaa sah lawan mami | ing mêngko wus duwe krama ||

21. yêkti abot wong angladèni ing laki | sira Mas Cêbolang | nambung sabda sarwi nangis | punapa inggih kawula ||

22. Tuwan kesah kula pan dinalih kari | mangsa ta purunna | sapurug amba tut-wingking | sanajan pêjah gêsanga ||

23. Nadyan inggih pêjah gêsang ajêng uning | kang raka ngandika | paran polahingsun yayi | lamun sira tut-wuriya ||

24. Sayêktine nora olèh dene yayi | iya pêt-umpêtan | Saloka nambung sabda ris | yèn kêdah têmên arinta ||

--- 5 : 46 ---

25. Atutwuri marang ing paduka inggih | pan kêjawi kanca | sadaya kinèn angari | yèn malih wontên wong prapta ||

26. Yèn pitakèn ing paduka inggih gampil | ingsun awat-awat | kula warti yèn wus anis | saking ing riki wikana ||

27. Ing puruge kula (m)botên nguningani | yèn sampun paduka | andhok nuntên tuwan nuding | asung wruh dhatêng kawula ||

28. (ng)Gèh pun Buras tumuntên paduka tuding | pêsthine kawula | lan sanak anusul sami | inggih dhêmitan kewala ||

29. Pan sadaya mangsa si (n)dadaka inggih | pisah rayi tuwan | wong kanthèt-kinanthekanthèt-kinanthèt. sami | tan wontên seje satunggal ||

331. Kinanthi

1. Bab kabèh santananipun | wus ingundang sami prapti | andhèr sadaya nèng langgar | yata sampun dènwartani | marang sira Ki Saloka | kabèh panuju ing pikir ||

2. Wusnya dadi rêmbugipun | Jayèngsari sukèng galih | tuwin sira Mas Cêbolang | langkung suka Rancangkapti | dene wurung tinilara | nahên ta kasaput ratri ||

3. Ing dalu datan winuwus | sarêng byar angkatirèki | sagung kang para santana | ngatêr wangsul ngandhap ardi | pra samya angêmu waspa | kang lunga lawan kang kari ||

4. Yata kang kesah lêstantun | Mas Cêbolang Jayèngsari | Kèn Rancangkapti pun Buras | nèng ngarsa atuduh margi | katiwang-tiwang lampahnya | Sokayasa wus tan kèksi ||

5. Lampahe kawêlasayun | (n)dulur wong catur lumaris | wus têbih ing lampahira | sampun manjing ing wanadri | mudhun jurang minggah arga | Rancangkapti anggung nangis ||

6. Ngrêmpong tan bisa lumaku | ginendhong mring raka nuli | Mas Cêbolang langkung sayah | pun Buras ingkang (ng)gêntènni | sadangunira mangkana | wau dènnira lumaris ||

7. Nurut wana ardi kidul | mangilèn lampahirèki | tan winarna solahira |

--- 5 : 47 ---

ing lampah wus tigang-ratri | kèndêl yèn dalu kewala | kêlangkung kawêlasasih ||

8. Yata aningali gunung | alit kalangkung rêspati | ing pucak anèng wong tapa | (ng)gènnipun tapa wus lami | siji datanpa rowang |§ Kirang sawanda, mila prayoginipun / siji pan datanpa rowang /. kinasihan ing Hyang Widdhi ||

9. Aran Ki Sèh Hèrcaranu | tuwa pan wus kaki-kaki | apan ta kaprênah canggah | mring Ki Banyubiru nguni | kang martapa ardi Lima | wus angraga-suksma yêkti ||

10. Arang wong kang wruh ingriku | saking angkêre nglangkungi | Sèh Hèrcaranu tan samar | yèn badhe wontên wong prapti | satriya alaku papa | langkung asih kawlasasih ||

11. Langkung awlas sang palungguh | marang sira sang kaswasih | yata wau kang lumampah | kèndêl anèng soring wuni | suku ardi kang lèr wetan | tumawing jurang atrêbis ||

12. Gurda gung langkung asingup | singube ngungkuli wuni | samya tumiyung ing jurang | jurange langkung atrêbis | ngisor panggenanning sima | ting galêro mêmêdèni ||

13. Kang rarywan pan ora kèngguh | ngêningkên ciptaning galih | mung ketang kang Karya-jagad | marma rumarasira nir | kwèh swaraning pêksi munya | mangsa wohing gurda sami ||

14. Umyung rêbut woh ambarung | mawarna-warna kang pêksi | mrak nyangungong ing paragak | kang satawana nauri | jêgigèr swara angatak | kinèn panggiha Sang Rêsi ||

15. Kang mangkana pèngêtipun | kang rarywan graitèng galih | yata non pucak aldaka | ana wong tuwa alinggih | pitêkur muji Pangeran | sêmune brangti Hyang Luwih ||

16. Yata radyan mara gupuh | sumêngka marang ing wukir | sadaya pan samya minggah | sapraptanira ing nginggil | sarêng cêlak lan sang tapa | Ki Sèh pan angawe gipih ||

17. Lah banjura putraningsun | aja sira wêdi-wêdi | gupuh wau kang ingatak | sapraptanira ing ngarsi | ngaras suku dêlamakan | sang tapa angrangkul aris ||

--- 5 : 48 ---

18. Sarwi ingaras kang êmbun | katiga ginênti-gênti | ri wusnya tata alênggah | langkung samya aminta sih | tumungkul dènnira lênggah | sang tapa angrês ing galih ||

19. Tan samar sasolahipun | wasana ngandika aris | sang pandhita mring rahadyan | adhuh putuningsun kaki | dene liwat kawlasarsa | ing solahira mas gusti ||

20. Dèn-narima putuningsun | pan wus karsaning Hyang Widdhi | sira dadi lêlampahan | kawit wong tuwa kang mawi | ramanta marma dinukan | dening Hyang Kang Maha Luwih ||

21. Lali pancèn arsa mêngku | angangkah ing tanah Jawi | kuwalèn arsa binuwang | marma apantês malati | tuwas rusak ngajak-ajak | marang anak-putiputu. wuri ||

22. Marma putu wêkasingsun | marang ing sira dèneling | ywa ngambah pikir (m)bêlasak | lan dènawas sira kaki | kang katibanan nuring-rat | aja sira wani-wani ||

23. Ywa tiru ramanirèku | lali ing bangsèku yêkti | marma sru dukaning Suksma | kang liningan awotsari | saglugut pan botên nêdya | anyipta kadya kang wingking ||

332. Pangkur

1. Sangêt panuwun kawula | lamun amba darbe krêkat samênir | mung mikir lujênging purug | sampun binurak-burak | inggih namung têntrême manah pukulun | lan malih kang dados manah | kadang kawula sayêkti ||

2. Sêpuh punapa inggiha | maksih gêsang utawi yèn ngêmasi | sang tapa mèsêm sumaur | ywa susah manahira | kadangira sayêkti misih rahayu | nanging adoh panggènannya | mangulon paranne ngungsi ||

3. Aja susah mikir kadang | awakira lah rêksanên pribagipribadi. | yêkti (ng)gal lawase têmu | sok uga salamêta | Jayèngsari tursêmbah alon turipun | kadospundi karsa tuwan | mring amba manggih basuki ||

--- 5 : 49 ---

4. Sang tapa gumuyu suka | aja maras tyasira putumami | yèn ta maksih jênêngingsun | nanging ta lujêngira | lan sirêpe aja na ingkang angruruh | nanging sarate mas-nyawa | dènasru brangti Hyang Widdhi ||

5. Lah nuli sira mangkata | ana alas kapit ing ardi alit | pan kinêpung jurang trêjung | aranne Wanataka | dhudhukuha mas-putu wontên ing ngriku | matèkêna raganira | amung dêlêngên sawiji ||

6. Marang Hyang Suksma Wisesa | matur nêmbah wau kang sinungan ling | sandika sak-rèh pukulun | amba darmi lumampah | sang pandhita ngandika ingsun tut-pungkur | angêtêrakên ing sira | mrênahkên ênggonnirèki ||

7. Lêga tyasira sadaya | ya dening sang pandhitarsa tut-wingking | sang tapa ngandika arum | wus kabèh putuningwang | iya padha gujêngana nyamping-ingsun | lan poma padha mêrêmma | aywa na kang mêlèk sami ||

8. Yèn ingsun durung parentah | pan sandika wau kang dèndhawuhi | nulya sami nyandhak gupuh | ing nyampinge sang tapa | sang pandhita (n)dhatêngkên karamatipun | sakêdhap anulya prapta | ing ênggèn kang dènêsiri ||

9. nênggih ardi Wanataka | kang ing têngah kapit gunung dèn (ng)gonni | kinêpung jurang atrêjung | masjide pan wus ana | langkung pelag kinêpung balumbang têpung | rêsik palataranira | sasêkarane mêpêki ||

10. Miwah ingkang palakirna | ingkang tiris angubêng karangan sri | andadi-dadi wohipun | rakit-rakite kadya | kaya uwus dhukuh kanggènan sêwindu | sajatine kang karamat | Sèh Hèrcaranu linuwih ||

11. Mèh timbang lan waliolah | karamate sasat pandhita linuwih |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / pandhita luwih /. lan agêng subratanipun | sajêg tan kambon upa | milanipun kinasihan ing Hyang Agung | barang saciptane dadya | yata wusira anuli ||

--- 5 : 50 ---

12. Kang wayah kinèn mêlèka | kang ingatak kagyat mulat umèksi | anon pakarangan agung | sangkêp pan sarwa ana | wus anarka karamate sang awiku | langkung sami ajrihira | sang pandhita angling aris ||

13. Wis dènenak atinira | anèng kene aywa amutawatir | kang sinung ujar anuwun | cinêndhak kandhanira | pan cinatur sang tapa têngga nèng ngriku | mumulang marang rahadyan | apan ngantos kalih sasi ||

14. Wus antuk wêdharing rahsa | langkung suka wau rahadyan kalih | sang tapa ngandika arum | lah wis sira kariya | apan sira uwis padha lawan ingsun | lêwih ing panganggènira | lan malih ngaliha nami ||

15. Putuningsun kang atuwa | Jayèngsari asiliha wêwangi | Sèh Mangunarsa apatut | dene Kimas Cêbolang | anama Sèh Agungrimang§ Prayoginipun / Anggungrimang /. pan anut |Kurang satu suku kata: anamaa Sèh Agungrimang pan anut. angêpèk§ Prayoginipun / angèmpèk /. namaning bapa | putraningsun§ Prayoginipun / putuningsun /. kang pawèstri ||

16. Mêksiya aranning lama | ya si Buras ingsun paring wêwangi | Ki Santri Monthèl puniku | nuhun kang sinung aran | angling malih sang pandhita manis arum | putuningsun Agungrimang§ Prayoginipun / Anggungrimang /. | bêcik misaha (ng)gènnèki ||

17. Anaa saloring jurang | dadya antuk wong ngêningkên pandêling | lan tan ngrêregoni iku | ing ciptane rakanta | kang liningan sabda sandika turipun | punapa sak-rèh paduka | amba pan darma nglampahi ||

18. Yata sang tapa anulya | anuduhkên kang putra kalih ngiring | saonjolansaonjotan. têbihipun | lawan ênggènning raka | pan wus manggih padhukuhan sri dinulu | saking sabdaning pandhita | barang saciptane dadi ||

19. Kêlapa kadya tinata | pan atharik nèng pinggir wadhah§ Prayoginipun / (n)dhadhah /. sami | wowohan palagumantung | amêpêki sawarna§ Prayoginipun / sarwa-na /. | wismanira [wis...]

--- 5 : 51 ---

[...manira] alit-alit jajar têlu | cèkli masjide araras | balumbange angubêngi ||

20. Sèh Agungrimang§ Prayoginipun / Anggungrimang /. kacaryan | aningali rakiting dhukuh asri | ri wusnya mrênahkên wau | sang tapa amit mentar | wayahe kang ngatêrkên (n)jawining dhukuh | sawusira wangsul sigra | mantuk mring dhukuhe sami ||

21. Kacatur Sèh Mangunarsa | anèng langgar apan raina wêngi | mung Ki Monthèl rowangipun | langkung subratanira | tan ana lyan katon mung sihing Hyang Agung | têrkadhang anglugas raga | anurut manah gung brangti ||