Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

350. Sinom

1. Nuripin aris saurnya | lah inggih (n)dawêg suwawi | kula pitulung ngatêrna | (n)jujuge mring Jayèngwèsthi | sigra Kyai Nuripin |

--- 5 : 89 ---

amanggil ing rabinipun | prapta Nuripin lingnya | kariya sun badhe ngiring | marang arinira marang Wanamarta ||

2. Mung pak Kêbak lan pak Dama | iku kang sun-gawa nanging | sira dènbêcik nèng wisma | manawa ingsun alami | rabine matur inggih | yata sigra mangkat gupuh | ing marga tan winarna | rawuhira pêcat rakit | Wanamarta sang brangta eram tumingal ||

3. Tumon srining padhêkahan | agêng-agêng gêng kaèksi | awilis kitri katingal | dhadhah kinubêng pring ori | ronning kang tiris-tiris | têpung janur papahipun | dhusun gêng sri kawuryan | wisma kèh pipit amarik | bêbanjêngan latare asisipatan ||

4. Kathah swabawaning desa | janma samya nambutkardi | saliring pakaryan ana | pandhe kêmasan lan gêndhing | kundhi kalawan nyingi | sayang anglêbur anggêbyur | kang milantên amarna | undhagi miwah mêranggi | kang angukir-ukir myang karya landheyan ||

5. Bêlandhong lan karya wisma | karya jungkat suri sêrit | miwah tukang cêkathakan | tuwin tukang selakêrti | (n)jait kalawan grêji | myang kêmalo karya payung | miwah karya oreyan | sêsêr sundhit jala jaring | karya sumbul tambir lampit lan kêlasa ||

6. Karya topèng natah wayang | karya golèk lan cêmpurit | miwah sarungan sanjata | karya kêbut lawan kanthil | ingkang nglêlês karya godhi |Lebih satu suku kata: kang nglêlês karya godhi. kang gawe êpok myang tandhu | angêthèl karya kopyah | panêgar dhalang mêpêki | wong kang sugih lumrah aduwe gamêlan ||

7. Miwah ingkang karya larap | tuwin pakaryaning èstri | jor-jinoran nyambutkarya | pangobèng nênun lan (m)bathik | myang tandho barang mokil | pan limrah tiyang sadhusun | Wanamarta sadaya | akathah kang sugih-sugih | sangking bêrkah (n)Jêng Kyai Bayi Panurta ||

8. Tan ana budi maksiyat | sakèhing wong jalu èstri | têtêp samya ngibadah |Kurang satu suku kata: têtêp samya angibadah. agrami sambi agami | kèh pinangkaning jalmi | kang têbih-têbih mariku | ngaji lajêng awisma | jênak tan anêdya mulih | sabab dening gampil ngupaya pajiwa ||

--- 5 : 90 ---

9. Tan ana ingkang kewuhan | êndi kang dènkarêmêni | ngajiya anggaota-a | sarwa akèh sarta gampil | murah sandhang lan bukti | singa kang dènêdol payu | wawrate ing ngadesa | gêmahe kadi nagari | nora nana kang kêstori dora-cara ||

10. Milane samya kêrasan | traping wong wisma miranti | kumpulan akurandhahan | sagatra-gatranirèki | wus kasub ing ngatêbih | dadya pangungsèning dhusun | miwah tangkar-tumangkar | kang gagriya winatawis | cacah wisma sêmu rêbat langkungira ||

11. Sang mong-kingkin duk tumama | manjing ing dhusun tulyasri | mulat rakiting awisma | tata narutus taritis | pasitèn gisik pasir | pagêr jaro nurut lurung | kêncêng sinipat rampak | gapit jêjêd ginalamit | gumarining sang monêng mulat karênan ||

12. Tan mantra-mantra ngadesa | solahing wong pan wus kadi | nagari rênggêping karya | sabên wisma turut margi | sami andhêdhasari | warung panggêng turut lurung | bango samya tangkêban | ngiras èmpèring wismèki | siyang dalu tan ana kukuding dhasar ||

13. Dadya pêpaèsing marga | kang dèndol mawarni-warni | kalithik wêsi kuningan | tuwin salaka lan rukmi | miwah sotya myang kêling | pêpak papanthan anglajur | grabat samya garabat | kêlithik samya kêlithik | ingkang kadi samya kêling kêkêlingan ||

14. Sêlajur samya nyamikan | sêkul ulam amêpêki | myang panganan lah-olahan | woh-wohan awarni-warni | tuwin yèn nuju Paing | kidul ngarsa pagêr dhusun | bangone bêbanjêngan | kajêng agêng angaubi | kajêng kêpuh bibis boga lan karoya ||

15. Saengga lun-alunnira | yèn nuju pasaranèki | pan kongsi sadina pisan | Asar andhap bubarnèki | dhasar nèng pinggir kali | kaline kêbak parau | gèthèk pring tumpang sanga | gèthèk balok badhe milir | tuwin kathah bakul pêpikul dharatan ||

--- 5 : 91 ---

16. Miwah momot kêkapalan | sapi-sapèn amêdhèti§ Prayoginipun / amêdhati /. | kalang èdhèg ngiras wisma | sapalih kang dènmomoti | sasisih dadya panti | gumrit swarane asêlur | cikar kèsèr êluran | momotan awarni-warni | bêlantikan wade kapal lan maesa ||

17. Kang tumamèng padedesan | sang monêng lawan Nuripin | lon-lonan sarya ngandika | abênêr tuturirèki | dene sangêt munjuli | sêsamaning dhusun-dhusun | tan wontên makatêna | gêmahe kadi nagari | Ki Nuripin amatur inggih punika ||

18. Kaharjaning Wanamarta | bêrkahipun (n)Jêng Kiyai | Bayi Panurta utama | muktine kadi bupati | sang mong-kung nauri inggih | kyai gêng mangunahipun | mangkana urut marga | kathah ingkang kapiyarsi | kang gamêlan ngarangin wênèh trêbangan ||

19. Pasang rekaning pagriyan | anggênggêng marik apipit | gêng-agêng kampung limasan | joglo singub tawon boni | rumat kadya priyayi | pandhapa gandhok lan lumbung | pawon kandhang gêdhongangêdhogan. | tajug sarta lawang-kori | myang pakiwan pagupon lan pambathikan ||

20. Kang para sugih mangkana | rakiting wisma miranti | kang duwe awirya-wirya | angkuhe wus kaya mantri | samya olah kamuktin | lan têtêp ibadahipun | latar rêsik sinaba | ing ayam putih kêbiri | miwah dara Presi myang banyak kambangan ||

21. Sadhewe-dhewe rekanya | ungkul-ingungkulan sami | lawang-kori ingapikan | samya pinipil arêmit | myang pinulas mawarni | supaya amrih dinulu§ Prayoginipun / kadulu /. | kang liwat papasaran | solahe samya birai | pinarantèn lawan dadya pêngampiran ||

22. Sang mong-wingit kawilêtan | laju malih aningali | masjide agêng nèng têngah | gumuruh santri angaji | dhasar amangku kali | kaline agêng binêndung | ingêjogên balumbang | balumbang agêng ing masjid | toyanira awêning pan kadya kaca ||

--- 5 : 92 ---

23. Ingingonan ulam kathah | sagung kang ulam bênawi | pan kinarya kalangênan | ulam pinatut ing gêndhing | ulam panyuwuk adil | lawan ulam jalma kampuh | ulam sêmune duka | ulam rare anggalidhig | lawan ulam kang marga karya simpangan ||

24. Kang ulam balung kalapa | ulam ginunggung ing laki | lan ulam pada-kacarma | ulam tambanging undhagi | ulam tansah angradin | myang ulam manggung tan emut | ulam jalma mêlarat | ulam pamiwaling laki | lawan ulam jalma bêsus bêbedhangan ||

25. Lan ulam jayèng kalpika | ulam panggugahing jalmi | ulam panjaluking potang | lan ulam saptaning kaki | ulam groboh ing kardi | ulam pamêksane laku | ulam nêmu kelangan | ulam pandaming wong kêmit | lawan ulam jalma wire abusana ||

26. Kang ulam guthul gambira | lawan ulam wohing dami | kang ulam luar binanda | tuwin ulam tansah asih | lan ulam bênang rukmi | miwah kang ulam prang mungsuh | ulam kayu pinasah | ulam pangêsuking jurit | lawan ulam sêmune jati angarang ||

27. Tuwin ulam netra jingga | lan ulam rangkêp kulambi | ulam timbrahing wêdêlan | lan ulam rusaking baris | lan ulam wiji sami | lan ulam pangulu-ulu | ulam jalma carita | ulam cirining atitik | tuwin ulam kasusu ngombe kasatan ||

28. Lawan ulam manggung suta | myang ulam wêtêng malênthi | kang ulam mawatês warah§ Prayoginipun / pamethes warah /. | ulam pawèh kên naggapi§ Prayoginipun / pawèh kèn nanggapi /. | ulam ambobolehi | lan ulam jêjaring wuwus | kang ulam jamang jaja | ulam paraboting mantri | lawan ulam tumbang pangêndhak dipangga ||

29. Myang ulam agung katingal | tuwin ulam rêmbug dadi | lan ulam bêsus ingundha | myang ulam sêsawat kancil | lan ulam

--- 5 : 93 ---

dangdang cêmpli | lawan ulam tèrèk badhut | ulam sasami§ Prayoginipun / sasawi /. dhadhah | lawan ulam sudhung pêksi | tuwin ulam padhang kang wus pinadhangan ||§ Prayoginipun / tuwin ulam kang wus padhang-pinadhangan /.

30. Lawan ulam mathis ganja | lan ulam sêngkrok kêlathik | lawan ulam agung ganda | myang ulam tansah ajurit | miwah ulam tumbak pring | lawan ulam janma busuk | myang ulam kêpanasan | lawan ulam piring siti | tuwin ulam bêdhandho manah kèwuhan ||

31. Lawan ulam wêdhus jamprah | ulam patut anggêntèni | lan ulam pacul katuwan | tuwin ulam dhandhang langking | kang ulam jatmikani | lawan ulam ngabên dhuwung | myang ulam janma wayang | lan ulam rada abaring | miwah ulam rare kudu mèlu lunga ||

32. Kang ulam kayu ginangsa | ulam panggrêsahing ngati | lan ulam ngêpuh parudan | myang ulam pangegol siti | tuwin ulam ngêmpuki | lawan ulam matêng sêpuh | ulam èstri katawan | lan ulam tan kêna lali | lawan ulam jalma godhèg brengos capang ||

33. Ingkang ulam anggung sirna | lan ulam kincanging alis | lan ulam sêlamêt sawah | ulam palanging wong bathik | ulam kêlalar mênir | ulam pangundanging kuthuk | ulam judhêg ing lampah | ulam kêtanggungan linggih | lawan ulam ngintir-intir naur utang ||

34. Tuwin ulam kadang tuwa | lan ulam tarêbang muni | lan ulam kênya busana | ulam netya pucêt isin | ulam sapuluh dhuwit | ulam pamiwiring kapuk | ulam tansah mimiling | ulam rimbaganing picis | lawan ulam janma kèh tansah arungan ||

35. Jawabe ingkang wangsalan | ulam kang tumrap ing gêndhing | kang kinarya kêlangênan | badhene sawiji-wiji | tambra panyuwuk adil | badhèr ingkang jalma kampuh | mangut sêmune duka | gramèh rare anggalidhig | ulam sidhat marga kinarya simpangan ||

--- 5 : 94 ---

36. Bêthok kang balung kêlapa | mèlêm ginunggung ing laki | talumpah padha-kacarma§ Prayoginipun / pada-kacarma /. | sipat tambanging undhagi | papar tansah ngarading§ Prayoginipun / ngaradin /. | kêlalèn manggung tan emut | jambal jalma malarat | pacal pamiwaling laki | ulam lele jalma bagus bêbedhangan ||

37. Jayèng cincin wira soca | têngiri panggugah jalmi | tagèh pênjaluking potang | lêmpuk kang saptaning kaki | wagal groboh ing kardi | (m)bêrot pamêkasing laku | sili nêmu kelangan | kêting pandaming wong kêmit | ulam badhèr jalma wire abusana ||

38. Ucêng kang guthul gambira | wadêr-pari wohing dami | kacol luwaran binanda§ Prayoginipun / kacolan luwar binanda /. | wêlut ingkang tansah asih | marêmas bênang rukmi | jaga ripu pêrang mungsuh | pêlus kayu pinasah | surung pangêsuking jurit | sênggaringan sêmune jati angarang ||

39. Ulam bèlès netra jingga | lopis rangkêping kulambi | balutak timbrah wêdêlan | kadhalan rusaking baris | cakul kang wiji sêmi | dêlêg kang pangulu-ulu | kotès jalma carita | tawès cirining atitik | ulam kakap kêsusu ngombe kasatan ||

40. Bêlanak agung susuta | bèkèl kang wêtêng malênthi | rêng arêng pamêthes warah | palung pawèh kèn-nanggapi | urang ambobolèhi | kadha§ Prayoginipun / kada /. jêjêring pamuwus | kêlalung jamang jaja | rêbon paraboting mantri | titikusan tumbak pangêndhak dipangga ||

41. Totog kang manggung katingal | gilingangiligan. kang rêmbug dadi | gambrêt kang bêsus ingundha | bêncolèng sêsawat kancil | jijindhiljêjêndhil. dandang cêmpli | larong ingkang tèrèk badhut | jaligêr sawi dhadhah | susuh ingkang kudhung pêksi | damar-wulan kang wus padhang-pinadhangan ||

--- 5 : 95 ---

42. Sabit lintar mathis ganja | sogok prana sêngkrok klêntit | lumbêt ingkang agung§ Prayoginipun / anggung /. ganda | mamprang kang tansah ajurit | garanggang tumbak êpring | ulam lundhu jalma busuk | êpe kang kapanasan | lopèr ingkang piring siti | ulam grago bêdhondha§ Prayoginipun / bêdhandho /. manah kewuhan ||

43. Barok ingkang wêdhus jamprah | sanggrêng pantês anggêntèni | bo-gêrang pacul katuwan | gagakan kang dhandhang langking | ganthêng kang jatmikani | kacangan angabên dhuwung | dhalang janma amayang | galêndhêng rada abaring | pan kaluyukalayu. rare kudu milu lunga ||

44. Arêng kang kayu ginangsa | sêbut panggrêsahing santri | mêrêsi ngêpuh parudan | ungkil pangêgoling siti | bêkêm ingkang ngêpoki | jêmblung kang amêtêng sêpuh | boyongan èstri tawan | uling kang tan kêna lali | pan jabrisan jalma godhèg brêngos capang ||

45. Sumbilang kang anggur sirna | udhèt kang kincang ing alis | bulus salamêting sawah | dhawangan palang wong (m)bathik | kêtul kêlalar mênir | kura pangundanging kutuk | kodhok judhêging lampah | bangkong kêtanggungan linggih | pan parêcil ngintir-intir naur utang ||

46. Kongkang ingkang kadang tuwa | cebong kang tarêbang muni | yuyu kênya abusana | bayas nitya pucêt isin | kawongan dasa dhuwit | bibis pamiwiring kapuk | kijing batur maejan | wadêr pêthak rêmbag picis | ulam sriwêt jalma kèh tansah arungan ||

47. Tumon srining sasêkaran | samya pinatut ing gêndhing | kang sêkar jabung payudan | an(?)pan / lan. sêkar mandhêg manolèh | sêkar panggugah mantri | miwah sêkar jayèng mungsuh | lan sêkar kabêndana | lan sêkar paninda radin | miwah malih nênggih sêkar awiraga ||

--- 5 : 96 ---

48. Lawan sêkar agung liwat | miwah sêkar soring alis | kalawan sêkar kapita | tuwin sêkar pondhoh cêngkir | sêkar panambang pêksi | lawan sêkar waja jamus | miwah sêkar angkatan | lawan sêkar jalma mantri | anêlasar parawan mati sapata ||

49. Lawan sêkar kasêntanan | myang sêkar bonang kapêncil | lawan sêkar palinyokan | miwah sêkar netra arip | sêkar panambang janmi | lawan sêkar janma sungsun | lan sêkar cacat awak | tuwin sêkar ganda wilis | lawan sêkar ing prênah kêdah kapisah ||

50. Miwah sêkar mangan ujar | lawan ujar§ Prayoginipun / sêkar /. soring wêntis | tuwin kang sêkar kasumpah | kalawan sêkar sridênti | sêkar boboting kawi | lawan sêkar jalma sêpuh | sêkar kang tan ngucap |§ Kirang sawanda, prayoginipun / sêkar kang tanpa ngucap /. sêkar tan patut ing gêndhing | lawan sêkar ingkang kapisah ing toya ||

51. Miwah sêkar jajamahan | lawan sêkar aprang tandhing | miwah sêkar mangku praja | sêkar rêncana rinujit | sêkar kang asung warti | sarpa sênên agung§ Prayoginipun / anggung /. mungsuh | nututi mandi§ Prayoginipun / mandhi /. angkah | lan sêkar bapakne kaki | sungsung guyu sah priya anitih swara ||

52. Dene jawabe kang sêkar | sêkar kang munggèng ing krami | jêlamprang jabung payudan | giyanti mandhêg anolih | wungu panggugah mantri | sêkar bopong kang pinanggul | kêlak kang kabêndana | kapuranta nida radin | sêkar pudhak nênggih kang sêkar wiraga ||

53. Wora-wari anggung liwat | prabu sètmata sor ngalis | kumuning sêkar kapita | sêkar sêmpol pondhoh cêngkir | mênur panambang pêksi | mêlathi kang maja jamus | tanjung sêkar angkatan | wong araga janma mantri | rara kêndhat parawan mati abela ||

--- 5 : 97 ---

54. Sêkar dangan kasêntanan | lênga têlêng aningali | gambir ingkang ati bigar | kênanga bonang kapêncil | katambang wong anali | wong arumpuk jalma sungsun | pacar wong pipisahan | widasari ganda wangi | raga-ina kang sêkar cacading awak ||

55. Orok-orok mangan ujar | sêkar sêmpol soring wêntis | kang kasumpah sêkar sungsang | sridênti sêkar srigadhing | bobot sêkar wrat-siki | mandha-kaki janma sêpuh | mangunêng tanpa ngucap | saruni tan patut gêndhing | pacar banyu sêkar kapisah ing toya ||

56. Purba-nagri mangku praja | turi ingkang netra arip | sundêl-malêm jêjamahan | dalingsêm susung-guywèki | kêlayu anututi | sêkar soka agung§ Prayoginipun / anggung /. wuyung | linyok kang puspa-nyidra | dalima wantah prang tandhing | kang adhakan nênggih kang sêkar cêpaka ||

57. Rêmbuyut kakining bapa | têlutur kang asung wêrti | argulo kang pandi§ Prayoginipun / mandhi /. angkah | sarpa sênên nagasari | karandhang sah ing laki | jaga satru anggung mungsuh | kancana rinumpaka | sêkar mas ingkang kinikir | nitik swara nênggih angkang. sêkar balurak ||

58. Miwah kang kitri mawarna | samya pinatut ing gêndhing | uwoh pangêbanging basa | miwah woh aso ing margi | woh padu ambêkicik | lah wong kang tinantang purun | uwoh sobrahing sirah | lawan uwoh tumpang titih | tuwin wohing jalma cidra ing sêmaya ||

59. Miwah uwoh kaca netra | miwah woh luntur ing siti | tuwin woh turangga buntal | lawan woh wangsul ing margi | lan woh saranging mangsa | woh kêna tansah kêbrawuk | miwah woh tanpa basa | lawan woh trapsila ajrih | lawan uwoh ciri pratandha nawala ||

--- 5 : 98 ---

60. Lawan uwoh asung pêkakah |§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / pêkah / [sebaiknya: woh asung pêkakah]. miwah woh dêdalan bayi | tuwin woh nora atata | tuwin woh pamuluk bukti | myang woh rasaning gêni | lan woh pêparoning puluk | miwah woh têgal bangka | kang woh amunggèng raragi | lawan woh jalma busana rikatan ||Kurang satu suku kata: lawan uwoh jalma busana rikatan.

61. Miwah uwoh ngancam-ancam | lawan woh rare nututi | tuwin woh padha gininda | lan woh wismane priyayi | miwah woh anggung tilik | lawan woh pangantèn wus atut |Lebih satu suku kata: lan woh pangantèn wus atut. kêlawan siti andhap | lawan woh kêsusu aglis | lawan kang woh tomboking jalma totohan ||

62. Jawabe ingkang wangsalan | uwoh ginurit ing gêndhing | gêdhang pangêbanging basa | durèn kang aso ing margi | pakèl kang ambakicik | kuwèni tinantang purun | rambutan sobrah sirah | kêpundhung kang tumpang tindhih | pan kêleca jalma cidra ing ngubaya ||

63. Sêmak ingkang kaca-netra | manggis kang luntur ing siti | nangka kang turangga buntal | balimbing wangsul ing margi | jirak saranging mangsi | sawo kang tansah kêbrawuk | kokosan tanpa basa | dhuku kang trapsila ajrih | pan kêcapi ciri pratandha nawala ||

64. Srikaya kang asung pêkah | jêruk dadalaning bayi | warêsah kang nora tata | kêpêl kang pamuluking bukti |§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / kêpêl pamuluking bukti. nanas rasaning gêni | dalima paroning puluh | malowa têgal bangka | jambu kang munggèng rêragi | dhuwêt ingkang jalma busana rikatan ||

65. Gayam kang ingancam-ancam | kêlayu rare nututi | pijêtan padha gininda | pêlêm wismane priyayi | malinjo anggung tilik | carême pangantèn atut | galêmbak siti andhap | salak kang kasusu aglis | mundhu ingkang tomboking jalma totohan ||

66. Kêluwih punjul wilangan | sukun kang wis kaki-kaki | sêntul

--- 5 : 99 ---

kang walêsan pikat | êlo ingkang pindha warni§ Prayoginipun / elo ingkang pêndhok warni /. | maja jalma pêpênging | bulu ingkang sandhang manuk | kawista akèn luwar | gowok êrong munggèng kitri | apan wuni panatape ing gamêlan ||

67. Pala kapêndhêm kasimpar | samya pinatut ing gêndhing | pala kang rare ugungan | lawan tandha warêg bukti | pala minggah ing ngardi | pala manawa andulu | myang kang kêpala ngarsa | kang pala toyaning tangis | lawan pala agung dadya mumungsuhan ||

68. Pala têlasing pêmangan | lawan pamudharing weni | kêpala bojoning bapa | tuwin pala talang kêndhi | kanimpang aningali | miwah kang wiwinih padu | lawan pangêpe raga | kang pala kumudu amrik | miwah wohing pala nora babarêngan ||

69. Lawan pala kêlumpukan | pala kang cêtha ing uni | kang kasuwèn ing memeyan | pala basa krama adi | myang kêsamên wilis |§ Prayoginipun / kasêmêkan /. pala gêring pipi lêmu | miwah pêngudhal bênang | pala basa lagi-lagi | lawan pala parang jaja ing wanudya ||

70. Jawabing pala kasimpar | myang kapêndhêm kang ginêndhing | jagung kang rare ugungan | têbu tandha warêg bukti | sêmangka minggah ngardi | timun mênawa andulu | krai kêpala ngarsa | waluh kang toyaning tangis | wohing bêstru anggung dadya mumungsuhan ||

71. Otèk têlasing pêmangan | pare pamudharing weni | lombok kang bojoning bapa | terong ingkang talang kêndhi | cipir nimpang ningali | kara kang wiwinih padu | gudhe pangêpe raga | kumangi kumudu amrik | ranti ingkang praptane nora barêngan ||

72. Kimpul ingkang kêlumpukan | kêtela cêtha ing uni | kênthang kasuwèn memeyan | uwi basa krama adi | gadhung kêkêmbên wilis | gêmbili gring pipi lêmu | walur pangudhal bênang | suwêg basa lagi-lagi | pan bêsusu parang jaja ing wanodya ||

--- 5 : 100 ---

73. Kacang pangugêr turangga | kêdhêle sindhêting tali | wijèn maju mring priyangga | kangkung kang prêkutut muni | bayêm wus mari brangti | pête kang marga binuntu | jengkol sinjang kêpelag | kêmlandhingan kêmbar jurit | kang kaluwak trênggalung kang tanpa boga ||

74. Kêmiri pangèmbèt karya | sumanggi sumêlang ngati | pucung sêlaning marga |Kurang satu suku kata: pucung sêlaning kang marga. pacè poyok ngisin-isin | pakis nora ngrêmbugi | gundha patrapaning luput | lumbu sutra rang-rangan | sambèng pangundang putrèstri | apan laos wiji èsèl wuwutuhan ||

75. Sang mong-kung praptèng Kauman | saya kèh rêrekan apik | kèndêl sakêdhap nèng lawang | korine Ki Basarodin | ingukir pinulas sri | sinungan bale ing ngayun | kadasan kering kanan | jrambah pinalêstèr rêsik | pinarantèn parèrènan (ng)gon asalat ||

76. Bagupon inggil atawang | darane sadaya putih | anjêmprah lagya pinakan | sang sèh tanya mring Nuripin | lah ta apa puniki | Ki Panurta dalêmipun | Nuripin aturira | dede punika kang kori | Basarodin pan pangulu wismanira ||

77. Mangke pan wetan punika | sampun cêlak saking ngriki | nulya laju lampahira | arêrasan turut margi | Nuripin mratelani | sadaya pitakènipun | wismane pra sêntana | kadang kulawangsa sami | myang sudagar kang sugih-sugih sadaya ||

78. Dene wismane pra kadang | samya madu rêsa pinggir | kinarya pangawat-awat | wêwaton prakosèng tamping | Suharja wismanèki | padon lèr kilèn jro dhusun | Wiradhustha lèr-wetan | Ki Panuksma pan wismèki | kidul-kilèn Ki Panamar kidul-wetan ||

79. Wuragil Ki Kulawirya | wismane cêlak ing kori | korine (n)jêng kyai ngarsa | nuntên salêbêting kori | wismane putra kalih | Jayèngwèsthi kilènipun | kang wetan Jayèngraga | dadya jêng-ajêngan kori | kilèn wètan lawange kori kinêmbar ||

80. Nulya laju lampahira | tumingal langêning margi | sajake padesan harja | warnane dening mêthuki | momotan jaran sapi | kang gêgendhong amimikul | ayom margi tan panas | dening

--- 5 : 101 ---

kitri pinggir margi | sêntul jêring pring wulung êso lan salam ||

81. Kadhang kapapag jodhangan | sinamiran srêbèt putih | asêlur rakit sasrahan | gumarudug jalu èstri | anyandhang sarwa adi | kang anèm birai bêsus | lakune kalèncèran | ungkure kapêthuk malih | ing pangantèn wus wayu wayah sêpasar ||

82. Nuripin akuthawêlan | andêrmimil turut margi | jodhangan ingkang kêpapag | sasrahane Ki Mukidin | besane lan Nurngali | inggih sami sugihipun | dene pangantèn luwas | wetanipun Ki Mukidin | wisma ingkang kaliwat wau punika ||

83. wontên wong ngriki satunggal | sugihipun anglangkungi | namanipun Pak Rajiyah | yèn jêkat êmas sakati | prandene lir wong miskin | panganggene kluwuk-kluwuk | sabuk walulang mêntah | udhêng luwas ting saluwir | padinane pamerane (ng)gih mangkana ||

84. Yata mulat rare dolan | bengkat bikir cirak ubis§ Prayoginipun / umbris /. | kang bênthik samya gendhongan | gumêdêr wênèh anangis | myat tanggapan salirning | ambêbarang gambang calung | topèng lènggèr myang karucil | têrbang mena miwah (m)barang ura-ura ||

85. Nuripin lawan sang brangta | prapta nataring masigid | arêsik rata ajêmbar | kitri wuni lan waringin | pakèl kawak kawan wit | asêm tanjung langkung seyub | joge margi prapatan | sayah kèh wong myang rarya lit | gidrah ramya wênèh janma pêpanahan ||

86. Ingkang têgar kikitêran | nglarug bêlo ambakali | tinêgar ngiras dagangan | kang wus mêdêm ngangkat nyirig | myang kang lagya angradin | (n)jojog congklange linajur | amrih rikat adheyan | akèh warnaning turanggi | ingkang kore thokol kêdhu lan kaduwang ||

87. Ki wuragil Kulawirya | angêthingkrang anèng kursi | sarwi pinikul wong papat | ingiring santri rarya lit | panakawane ngampil |

--- 5 : 102 ---

rokok lopak-lopakipun | panah endhong gandhewa | talêmpak lan payung alit | nèng luhuring kursi sarwi ngundha-undha ||

88. Êmprit muluk akalangan | ambêblês katon sabibis | pêngundhan pinonthang ing mas | sêlaka sinilih-asih | anulya dènulungi | pangundhan êmprite mudhun | (ng)gêmbrêt mencok pangundhan | kang têgar mudhun samya jrih | Kulawirya angling têtêgar tutugna ||

89. Nulya êmprite ginusah | muluk nuntung ing waringin | binarungan rare kathah | kang ngundha prit samya êmprit | glathik sami gulathik | pan sinambi andudulu | janma kang jêmparingan | Kulawirya langkung mukti | sasolahe kadya putra ing nagara ||

90. Nyampinge sarung pelungan | sabuke pêlangi abrit | rasukan kuthungan pêthak | dhêsthar kumbaya kusta brit | cathokan amêlipit | pèncèngan sêmadha§ Prayoginipun / sêmada /. gêndhung | gêndhung labêt ugungan | ingugung mring (n)jêng kiyai | sasolahe kêrsane nora kêpalang ||

91. Sang onêng aris ngandika | sintên puniku Nuripin | nunggang kursi ngundha-undha | êmprit kadya rare alit | Nuripin matur bisik | puniku wuragilipun | (n)jêng kiyai pan punika | ladak tan wontên dèn-jrihi | yèn uninga mring kula lajêng sêmbranan ||

92. Jenggot kula gung sinêbrak | gur-anggure jèwèr kuping | pan anyakitakên awak | mawi§ Prayoginipun / wawi /. enggal nimpang ngriki | korine Ki Sêmbali | jumênêng lajêng narutus | lawang kori piyambak | piyambak awarni-warni | kir-ukiran pulasan areka-reka ||

93. Mung undha-usuk kewala | sajake kori pan sami | mawi bale parèrènan | sabên-sabên lawang kori | padasan anganan kering | bêgupon inggil lir panggung | pêksine rupa-rupa | wontên rêmên dara gambir | wênèh topong têlampik cêlêp lan megan ||

--- 5 : 103 ---

94. Swarane pêksi ingonan | dêrkuku putêr ngalap sih | bèthèt nori jakatuwa | gêmak jago lan gulathik | jalak menco sulindhit | prêkutut panggung munya kung | cumlêngkung§ Prayoginipun / cumêngklung /. nèng gantangan | sêmuning desa saari | sang mong-wuyung sumêdhot kadhaut§ Prayoginipun / kadaut /. ing tyas ||

95. Kêrasèng sêsanarira | duk maksih muktya nèng nagri | tumingal harjaning desa | tan pae lawan nêgari | randhat lampahe sarwi | awaspa sinamur-namur | myarsa gamêlan raras | salendro myang cara Bali | ingkang pelog panabuhe lilirihan ||

96. Kang mungêl amung titiga | gambang rêbab lawan suling | nora dhompo wilêtira | sarancak tangkêpe sami | unine gong ngagêngi | andule Bima gumuyu | ngalêp-alêp ngumandhang | saron imbal ukur jawil | bême kêndhang sumêntèk irama lamba ||

97. Sang Monêng alon ngandika | marang sira Ki Nuripin | dene puniki kang desa | pamutihan gama sukci | kêni gamêlan muni | lah punapa sababipun | Nuripin aturira | wontên dene ingkang mawi | inggih saking (n)Jêng Kyai Bayi Panurta ||

98. Saking agêng maklumira | kamuktèn tan dènlarangi | tuwin kasaping pangaji | sakêdahipun dumugi | ing sadhusun puniki | sangkêp panggaotanipun | mapan wontên sadaya | dalah dhalang topèng ringgit | tlèdhèk badhut niyaga sami gigriya ||

99. Mila sangsaya agêmah | wus kacêluk ing atêbih | têbih kathah sami prapta | dhumpil mupangat (n)Jêng Kyai | Bayi Panurta nênggih | sabar mèt among amêngku | mitulung ing apapa | pêparing mring pêkir miskin | sadesa pan sami kinulawisudha ||

100. Tan ana sinungan rêngat | pêradhah ing bojakrami | rahab abêtah mumulang | mring awon pênêd gêng-alit | kang ngalap wulang sami | sinami talatènipun | tan ana kang bineda | mila wong sadesa sami | ajrih asih anggêpe ambapa biyang ||

--- 5 : 104 ---

101. Marma wong wisma sangsaya | kathah wit dhangan mèt melik | apan sarwa sarwi ana | lan malih cêlak pasisir | gampang pambuangnèki | lamun wong adil tinuku | mila tiyang sadesa | tan ana kang kirang bukti | sawawrate pan sami cêkap sadaya ||

102. Dene Ki Bayi Panurta | pan wus saengga bupati | kalangkung mukti-wibawa | keringan ing kanan kering | tuwin sagung bupati | anggêpe ambapa tuhu | dhasar wus masuk sama | angalap ing lair batin | ing kawruhe (n)Jêng Kyai Bayi Panurta ||

103. botên songar samudana | watêke (n)Jêng Kyai Bayi | sabên myat tiyang mêlarat | kacupêtan ing rêjêki | (n)jêng kyai (m)brêbês-mili | awêlas nulya tinulung | paring sandhang balanja | anggêr tumingal wong miskin | majadipun punika kyai anggombal ||

104. Prandene wêwah awêwah | kirang pirsa ingkang mawi | sang Among-kung lon lingira | layak puniku kang mawi | wêlasan ingkang sami | mring wong nistha kinarya yu | Jamal Jamil anjawab | mring Nuripin anakèni | (ng)gih punapa botên wontên wong durjana ||

105. Dene ronggèng anjêlanah | wong adol tike waradin | pakumpulaning wong ala | Nuripin nauri aris | wikana kang amawi | tan wontên jalma lampah dur | kathah tiyang dursila | yèn sampun wisma ing ngriki | pan rahayu ilang dursilaning driya ||

106. Pan makatên kang timbalan | nênggih (n)Jêng Kiyai Bayi | sun-dongakkên maring Allah | sakehe nak putu mami | (ng)gih muga sinung eling | cukule budi rahayu | aywa na dora-cara | dursila kang laku juti | malah mandar padha rahaba sêmbahyang ||

107. Limang wêktu kang kawasa | pirabara yèn nêtêpi | mung salamête kewala | atine kang maring bêcik | sagawe-gawene kaki | anggêre budi rahayu | iku jênêng ibadah | iya panggawe kang bêcik | nanging kabèh karêpe kudu sêmbahyang ||

108. Sabotênane sêmbahyang | Jumuah salat ing masjid | makatên tiyang sadesa | nadyan talèdhèg (ng)gih sami | datan maksiyat budi | Jamal Jamil manthuk-manthuk | yèn mêkotên utama |

--- 5 : 105 ---

mangunahe kangjêng kyai | Ki Nuripin ngling (ng)gih inggihane uga ||

109. (ng)Gih malih kula akandha | randha Wanamarta ngriki | nuju sami apêpasar | mring Sobrah pasare Lêgi | wong Sobrah angrêmêni | sangêt kedanan anglamung | marang randha punika | ngantos ngêtutkên mariki | praptèng ngriki tyasipun mantun kedanan ||

110. Nadyan wong durjana miyat | mêmandung-mandung ing ngriki | yèn wus malêbêt ing dhadhah | manahe tan ika-iki | dumadakan tan anti | ilang niyate mêmandung | banjur sanja kewala | mring wong sanakingsun§ Prayoginipun / sanakipun /. ngriki | wus mangkana manahe ing Wanamarta ||

111. Jamal muwus inggih ta lah | golonganing desa wingit | tan kêna kambah ing corah | Jamal Jamil angling malih | (n)dika kantun nèng ngriki | sakêdhap kularsa tuku | kapengin sêga pindhang | nulya jajan wong kêkalih | srabi puthu jênang sêga-ramês pindhang ||

112. Athêkul patukon mirah | wong loro wolulas dhuwit | mangkana Sèh Amongraga | laju manêngah samargi | margi agung ningali | kathah warnining pandulu | wong lumampah sêluran | mendah yèn nujuwa Paing | suprandene asring nimpang ing pêgagan ||

113. Nuripin matur atêdah | punika lawange kori | Jêng Kyai Bayi Panurta | korine pan tundha katri | tan wontên kang nyamèni | inggih pasang rakitipun | Amongraga tumingal | nulya maju manjing kori | kèndêl anèng wisma kampung panangkilan ||§ Prayoginipun / pananggêlan /.

114. Kampung dara-gêpak pelag | pinipil patra angrêmit | tumpang-sari pamidhangan | dhadha pêksi sunduk kili | singub ingukir apik | pêngapik§ Prayoginipun / pêngapit /. lis-lisan alus | sirap gêndèng bêranang |

--- 5 : 106 ---

wuwung cênthing ukêl pakis | èmpèr cangcut cukitan dhanyang rurupan ||

115. Umpak cêcandhèn simbaran | bêbatur dèn-palêstèri | arêsik kang pêlataran | kanan kering dèntanêmi | tanjung kawan wit sisih | dènpluk gêbyog kêliripun | gapit bulêt lis-lisan | kiwa têngên pantok kori | -nira wetan kilèn samya jêng-ajêngan ||

116. Kori palêngkung rineka | kaluwung angêbêb warih | labur ingukir lung-lungan | undhak-undhakan arisik | kinêmbar-kêmbar rakit | kêlir têpung kori ngayun | pisan kampung bêlaka | lis-lisan pinulas asri | sawêtara ingukir cêplok kêmbangan ||

117. Samya sirap gêgêndhengan | anggêr sabên lawang-kori | kiwa têngêne padasan | lawan paregolanèki | samya pinipil-pipil | pilar myang sasakanipun | pipi kupu-tarungan | talundhag tambên ingukir | myang bêlandar pangêrêt ukir-ukiran ||

118. Kiwa têngên tinanêman | sawo jajar kawan sisih | gêlyoggêbyog. kêlir pantog lawang | -kori têngah tan paeki | kêlir kang kilèn kori | sawiji lawang palêngkung | kêmbang labur pulasan | ginapura lit kang kori | masjid dhara (ng)gèn têrawèh pra santana ||

119. Mung kadang warga kang ngambah | sêmbahyang siyang myang ratri | rêsik kinubêng balumbang | balumbang mili awêning | anjog pangapit kori | turut pinggir gêbyog lajur | toya asêrewehan | tumumpang pasitèn gasik | para desa gêng agêng tan mangkana-a ||

120. Dalême Bayi Panurta | kang wau kang angyasani | kathah bupati utusan | paring wragat myang undhagi | kadhang mriksa pribadi | kang wus samya (m)bapa tuhu | miwah para nangkoda | ing pasisir samya prapti | myang priyayi ngabèi lan putra-putra ||

121. Kang dalêm pandhapa pêcak | wolungdasa lambangsari | kang kinarya kayu sana | bêlandar takir ingukir | singub myang dhadha-pêksi | sêsaka ingêlis alus | bêbatur palêstèran | ompak sela pik ingukir | jagasatru kampung panjang tinalangan ||

122. Kinêkêt lawang paningrat | ing dalêm gêng tawon buni | ginandhok-gandhok limasan | ing ngarsa kori gêng lêmpit | jandhela [jan...]

--- 5 : 107 ---

[...dhela] krepyak ngapit | linis panil tangkêpipun | tritis talang srumbungan | wuwung labur lis ingukir | tirahira jêmbangan tutup kinêmbang ||

123. Buntaring wuwung pinatra | trap anjênthir ngukêl pakis | pinulas atuturutan | pêpayon sinirap sami | gêndhèng sumringah abrit | sadaya pagriyanipun | gêng alit ginêndhèngan | latar tinanêman kitri | kang saparik pêlêm gandhik dodol krasak ||

124. Sêngir santog madu basa§ Prayoginipun / madu bala /. | saparik jambu bang putih | kêlampok arum drêsana | tumruna sawo saparik | soring jandhela kitri | pacar-cina sêkar arum | jêmbangan gêng ingingonan | wadêr kok jêlebrah abrit | sajêmbangan bêranang ngapit paningrat ||

125. Yata wau sang abrangta | nèng pananggungan alinggih | Nuripin aris turira | dalêm kèndêl kula manjing | ngupaya santri Luci | badhe kula kèn sung wêruh | dhatêng Ki Jayèngraga | yèn botên mring Jayèngwèsthi | salah siji singa ingkang kapanggiha ||

126. Sang mong wingit angandika | sakêrsanta ngong umiring | Ki Nuripin sigra mentar | prapta ing jro angulati | dangu datan pinanggih | yata wau kang winuwus | Jayèngraga nèng wisma | wismane apik gumrining | nora gêdhe tan cilik apan sèbêtan ||

127. Lumajang gandhok kampungan | pêndhapa sami lan wingking | pêcak sèkêt sasur magak | singub pinatra arêmit | blandar serong ingukir | sunduk kili linis alus | saka patra patrapan | ompak cindhèn sela langking | jrambah batur pinalêstèr jojobinan ||

128. Èmpèr longkang tinaratak | ing ngarsa kewala asri | rinambat anggur ngrêmbaka | pinarante ginaribig | alus pinulas apik | pinarada lung winêngku | kêtêp gêndhèng tinalang | cagaking talang ingukir | kori lêmpit tèbèng patra papêradan ||

129. Ing paningrat bale pelag | bênèt paradan sêrakit | kang ing ngriku panêratan | kilènipun masjid alit | gumarining rekaning |

--- 5 : 108 ---

rakitnya lir masjid agung | sakaguru giligan | dhinanyang kang sunduk kili | linis bulêd pangimanan mimbar endah ||

130. Kiwa têngêning paningrat | kulah gêng kinêmbang adi | pinulas-pulas rineka | ingingonan wadêr abrit | jlebrah (m)bêranang asri | gêbyog pagêr kêliripun | tinurut sêsêkaran | samya jinêmbangan bêling | latar kitri sawo lan jambu drêsana ||

131. Wetan pêndhapa gêdhogan | pêngantèn kudanya kalih | sawiji kore dhawuk bang | lan jaragêm margawati | mangkana Jayèngragi | kang raka rawuh mêrtamu | têngah anèng pêndhapa | Jayèngraga ragi pinggir | ingkang êlèr lan kang garwa wurinira ||

132. Sêlir titiga sor ngayap | kabèh yu kuning gumrining | Jayèngraga ngore rema | rema têlês mêntas gunting | kalung pasatan putih | sarwi (ng)gêbêg tekonipun | mêncèrèt kalih-kalih | ginêbêg ing srêbèt putih | apan sarwi udut kalukuk bênggala ||

133. Nyamping kawung latarpêthak | paningsêt wungu walulin | dhuwung ingampil sêlirnya | dhêstar prangrusak kalithik | abra mupuk ing nginggil | jrih ing raka kurmatipun | Jayèngwèsthi alênggah | kêlasa batu pribadi | nyamping sarung kêmbang Cina kakêlêngan ||

134. Apaningsêt gêdhog jênar | rasukan jobah sêmbagi | biru corak kêmbang tiba | arangkêpan takwa putih | dhêstar modang aputih | sêmada masêm asêmu | sarwi ngasta ukiran | dèrèng pinacak ing kêris | sarwa sêdhêng wangune ginêbêg gilap ||

135. Saosan pateyan ngarsa | myang tenongan isi manis | lan dhadharan (n)jing-enjingan | juwadah ledre surabi | gêmblong lèmpèng lan wajik | jênang carabikang puthu | wedang kopi lan puhan | nèng êkan rêjasa putih | ulam dhèndhèng bakaran kandêl gêpukan ||

136. Ngayun kantor panuratan | myang rekal kitab tan têbih | Têpsir-jalalèn lan kitab | Sitin Asmrakandhi Pêkih | myang Suluk Bayan-mani | Suluk Kadim kang tinurun | kang ngadhêp ngarsanira | santri wasta Jalalodin | sing Kalangbrèt warti pênêd swaranira ||

--- 5 : 109 ---

137. Lawan wong masah gandhewa | nyugu dêdêr nglar-êlari | jêmparing kinarya lesan | myang mranggi lagya nyawangi | kajêng timaha kêndhit | miwah wong akarya tulup | lawan kang masah gambang | dhalang niyaga pênyuling | dèn-encokkên nêming gêndèr rarasira ||

138. Kang raka aris ngandika | mring kang rayi Jayèngragi | para iki nora jamak | akèh kang sira-dhêmêni | tan mambu trah ngulami | lir wong nagara angkuhmu | sabarang rinêmênan | gêgaman gamêlan muni | iku rada sathithik cêgahing sarak ||

139. Jayèngraga aturira | inggih sawêg parêng ugi | sunat paèsing maksiyat | kang raka mèsêm nauri | sunbadhene sirèki | mau kaya nora Subuh | pratandha rambutira | têlês tilase katawis | Jayèngraga sarwi gumujêng turira ||

140. Nuwun ajrih ing duraka | botên nêdya angêpoti | owêl pot wêktu palilah | kawula tos-atos yêkti | têlês kula puniki | inggih bakdanipun Subuh | Jayèngwèsthi ngandika | marang nikèn Rarasati | apa nyata (m)bok-ipe mangkono ika ||

141. Rarasati aturira | sêmune wêdi awadi | duka sampeyan punika | datan sumêrêp ing ratri | naming gajêg mêningi | dènnya siram lingsir dalu | inggih Subuh sakêdhap | byar enjing asiram malih | dugi kula angrapèhkên bêlo anyar ||

142. Kang raka gumujêng sarya | ningali mring Jayèngragi | kang rayi gumujêng latah | Jayèngwèsthi angling malih | pintêr ipeku iki | micarèng pasêmon mungguh | sira sawêngi pisan | nora turu pijêr nitik | Rarasati èsmu ngoso pagujêngan ||

143. Lah inggih botên kadosa | paduka andangu yêkti | kawula matur pasaja | wêkasan wong dènpoyoki | kang raka mèsêm angling | nora mangkono sun-ngungun | lèjêmira anyata | bêlone iku kang êndi | Rarasati matur ingkang jan-jan§ Prayoginipun / jangjan /. jênar ||

144. Cêcalung calon watangan | pada wadana rêspati | kuciwa idêp ngusumba | pandugikula tan kenging | kacênthok ing kêndhali |

--- 5 : 110 ---

tan wande ngêlangak ambruk | Jayèngwèsthi dènnira | gumujêng sarwi nudingi | mring kang rayi Jayèngraga saya latah ||

145. Sarwi matur mring kang raka | paduka punika inggih | dhatêng (m)bok-cilik duk anyar | tinumpu ing siyang ratri | yèn sira gutuk iji | sring kalingsir wêktunipun | kula ngantos awêlas | mring (m)bokayu agung kingkin | tan milalu maring (m)bok-cilik kewala ||

146. Baya-baya ngur kawula | kang raka ngandika aris | lawan sira angur ingwang | gêr gumuyu sadayèki | kang ngadhêp anèng ngarsi | ingampêt jrih guyunipun | Jayèngwèsthi ngandika | sarwi angunjuk wedang tih | sêka ngêndi tekomu têka prayoga ||

147. Kang rayi matur punika | saking sadhèrèk pasisir | ki juragan Pak Jumilah | ing Tandhên§ Prayoginipun / Tandhês /. kang komuk sugih | (ng)gènnipun mêlarangi | Cina prasanakanipun | Tik Yan Kowan wastanya | kengingipun dènlambangi | kapal kore lan lapak prabot salaka ||

148. Dene wontênipun kula | saking pak Rajiyah nguni | nuju mring Tandhên§ Prayoginipun / Tandhês /. rêrasan | pak Jumilah arsa panggih | dhumatêng (n)jêng kiyai | agêmêt pitakènipun | milawang mring kawula | sumêrêp yèn kula asring | rêmên têko mila tekone punika ||

149. Kinintunkên pak Rajiyah | supados katur ing mami | sarêng kawula uninga | ing teko bungah tan sipi | kula dèrèng udani | kang darbe kadi punika | teko kaliwat langka | lêkane kêbak acuri | kalihdene raosing tèh mindhak eca ||

150. Kang raka mèsêm ngandika | layak bênêr turmu yayi | mara cobanên sadhela | gupuh kang rayi ngladosi | wedang panas miranti | cèh§ Prayoginipun / tèh /. cowan amung sasuru | Rarasati anyandhak | cèrèt cinurkên aririh | apan munthuk mêthuthuk kukus angambar ||

151. Wus sinuci cangkirira | pêthak tutupan sarakit | kang teko nulya ingasta | amung amot rong cangkir thil | gumujêng Jayèngwèsthi |

--- 5 : 111 ---

dene sathithik motipun | majad pat cangkir ana | teko dèn-iling-ilingi | têka nyandhi akêbak nyuri narancang ||

152. Angunjuk wedang tèh cowan | satêngah cangkir ngling aris | iya bênêr tuturira | ngong durung pati paham tih | beda lawan sirèki | rasane tèh tan kaliru | Jayèngraga turira | inggih kasinggihan ugi | lamun ical myang pêcah teko kawula ||

153. Têmtu mêdhot tan wedangan | kang raka gumujêng angling | iku thithik rada cêgah | ujaring wong ahli wirit | gêgêdhening rasèki | tan kaya rasane ngèlmu | tokite mangkonoa | mutung-mutung marang ngèlmi | amal lama§ Prayoginipun / amal tama /. mrih mêtu mangunahira ||

154. Iya wong iku yèn kaya | pama pêlêm dodol wangi | duk lagi kumaropokan | kêcute anyêmpaluki | mangsane wus matêng wit | nèng barongsongan adalu | rasane asor kelang | iya yèn mangkono yayi | yèn lir pêlêm kapodhang kêcut kewala ||

155. Mêntahe matênge padha | tan pêcat kêcute mêksih | mangkono upamaneka | ing wong urip puniki |Kurang satu suku kata: ing uwong urip puniki. kudu angeling-eling | Jayèngraga matur nuwun | inggih mugi sagêda | wulang paduka ing ngèlmi | Jayèngwèsthi aris malih angandika ||

156. Êndi santrimu kang anyar | jare bêcik swaranèki | têrampil amaca kitap | kang rayi umatur inggih | pun Jalalodin saking | Kalangbrèt pinangkanipun | sawêg wau kewala | enjing (ng)gèn-kula nimbali | lah ya mara coba konên maca kitab ||

157. Nulya pinaringan kitab | kang Sitin Asmarakandhi | Jalalodin aturira | nuwun-nuwun nuhun ajrih | aywa sira jrih-ajrih | apan wong talabul ngèlmu | kudu karana Allah | pinêksa ki Jalalodin | dangu-dangu Jalal ature sandika ||

158. Lêkas ta-awut pasêkat | kir'ate rada patitis | ulone sêmada sêrak | (n)dharêdhêg mêrkutuk sêdhil | agrago sêmu ajrih | nulya kinèn swara sêru | sinangêtkên swaranya | lêkas maca Bismilahi | arohman nirakimin alkamdulilah ||

159. Sunamiwiti amuja | muji anêbut namaning | ing Allahu ingkang murah | ing donya asih ing akir | sakèhing puji-puji | kaduwe [ka...]

--- 5 : 112 ---

[...duwe] Allah kang agung | rabial ngalamina | Pangeran ing ngalam kabih | nulya walngakir batu lilmutakina ||

160. Utawi mujèng akerat | mulyaning amal kang malih | paedahe dalêm donya | tartamtu mring (n)jêng pra nabi | lan auliya mukimin | wa salatu wa salamu | utawi rahmat Allah | ing tyas mukaranah ajrih | maring Allah kang cèngèng sumungkêmira ||

161. Ngala Sayidin Mukhamad | wa alihi wa skabihi | ingatase nabi kita | lan sakula-warganèki | mring sakabatirèki | khala saekul imamu | al-ajalu jahada | ibênu Abinasari | ibênu Ibrahim asmara-kandhiyan ||

162. Rahmatolah ngalaisam | têgêse pangandikaning | wong tuwa kang dadi imam | kang aran Abulaèsi | kang anak bin Asari | Ibrahima Smarakandhiyu |Lebih satu suku kata: Ibrahim Smarakandhiyu. pan ing sipat Mukhamad | ingkang sinung rahmat dening | ing Allahu atasing Nabi Mukhamad ||

163. Massalatun idaika | laka ing têgêse iki | lah tatkala tinakonan | ing sira ma-al imani | lan kaya pa sirèki | makulbihi paljuwabu | mangka ing jawabira | lapal amantu bilahi | tangala ing têgêse ngandêl ing Allah ||

164. Lire pangandêl punika | i§ Prayoginipun / ing /. walmalaikatihi | wa kulubihi punika | kêlawan wa Rasulihi | wal yaomil akiri | wal kadri kèri wa saru | tinalahi§ Prayoginipun / minalohi /. Tangala | swaranèki Jalalodin | ambêrabah êrak-êrak rada kiyal ||

165. Yèn masalatun amapan | sabuke dipunkêndhoni | ambalêdhèh wêtêngira | ngangkat masalatun malih | swarane dènkêncêngi | kêcilikên nora cukup | mati pangêlikira | lèrèn swara dèn-gêdhèni | masalatun wus pakolih ing likira ||

166. Yèn mudhun gêdhe tan nyandhak | anggalêrêg ngêlokori | ambèthêr gulu gondhokan | (m)bêkuh ah èh golèk uni | kang sêdhêng gêdhe cilik | sruwa judhêl swaranipun | rèngkodan sangga-uwang | ngiwa-nêngên ngolah-ngalih | kèh solahe atimpah-timpuh sêduwa ||

--- 5 : 113 ---

167. Angulèt sêmune wêgah | kapriye mangkene ugi | sêrête nora kêjamak | Jayèngraga ngêndika ris | mara lêkasa ngêlik | lah antêpên suwaramu | Jalalodin anulya | pinêksa sangêt angêlik | masalatun sru anggêmbor wêdhus domba ||

168. Otote aprakênêngan | gulu mêdhok amucicil | bathuk irunge (m)bêranang | kringêt kumyus (m)brêbêsmili | angêdên wangsul wiwit | manthuk prêt kapêntut-pêntut | gêr ginuyu ing kathah | gumyuk-gumyak ih-ih-ihih | ahèh ah-ah kapingkêl-pingkêl barêngan ||

169. Niyaga guyu lèh babah | nudingi pating têruding | Jayèngraga latah-latah | nora kaya-a sirèki | kanti kaya wong jurit | jarene bêcik swaramu | dene aparongkolan | ting gêlêthuk tan pakolih | saya gumyak kang guyu acukakakan ||

170. Ki Jalalodin abiyas | kêlangkung dènira isin | sarwi matur inggih ta lah | sabênipun tan kadyèki | dugi kula kang mawi | wontên karsanta tan mêtu | saya dadya paguywan | sadaya kang nambut kardi | bok wus muwus ki santri dhasarmu ala ||

171. Nikèn Rarasati dènnya | gumujêng tan pati muni | ragi ewa kêsukêran | swarane ambalêbêgi | sêlir tri ting cukikik | cat-catan samya jrih sêru | Jayèngwèsthi dènira | gumujêng ukur gêligik | sarwi alon angandika mring niyaga ||

172. Lah mara Widilêkasa§ Prayoginipun / Widilêksana /. | èncokna nême kang êndi | lèhira anglaras gambang | gêndèrmu grimingên thithik | iya jinêman jêngking | si Crêmasana kang suluk | sulinge Tunjangkara | matur sandika anuli | lêkas ngêlik jinêman jêngking tunjung bang ||

173. Swaraning dhalang alêbda | ngêntul-êntul wilêtnèki | gêndèr nyamlêng anyalupak | suling wratsari abêning | ginariming gumrining | Jayèngraga mèlu suluk | aruntut swara saplak | amêmbat wilête sami | kadya êmprit ingundha rêbut tuntungan ||

174. Wus dumugi e layana | mung sairama nuli wis | iramaning Sarayuda | Jayèngwèsthi ngandika ris | seje rasaning ngati | ngrungu singir lawan suluk | pan adoh sêbatira | sun datan pati nyurupi | marang gêndhing namung sasêndhon kewala ||

--- 5 : 114 ---

175. Nora pati kaya sira | dhasar karêm maring gêndhing | yèn aja wêdiyèng rama | dalah jogèt sira wasis | nopèng bêksa rangin |Kurang satu suku kata: nopèng bêksa angrangin. iya katara solahmu | Jayèngraga turira | inggih punika sayêkti | yèn sampun ajrih rama lawan paduka ||

176. Kalampahan dados dhalang | lurah cêngkung tukang ringgit | kang raka mèsêm ngandika | nulya Nikèn Rarasati | mring raka matur aris | sampun siyang wancinipun | kularsa saos dhahar | Jayèngwèsthi ngandika ris | mêngko bae (m)bok ipe sadhela êngkas ||

177. Jayèngraga ngling mring garwa | lorodên dhadharan sami | paringna kang nambut karya | dèn warata sadayèki | nulya dipun cariki | pinaringkên sadaya wus | kang samya anèng ngarsa | Jayèngwèsthi aningali | marang kang ginarap mring tukang sadaya ||

178. Nulya aningali kitab | Ibnu Kajar dèn-têmbungi | pêpêthikan saking kitab | tutulisane kang rayi | tinumrap Dhandhang-gêndhis | lagya angsal tigang pupuh | linimbang rujukira | lan babon kitab abêning | Kajar datan nalimpang mungguh ing murat ||

179. Mindhak dhangan raosing bab | pan winastan Suluk Kadim | Jayèngwèsthi lon lingira | ya wus bênêr iki yayi | tan ana kang ngoncati | rasaning murat wus têpung | nukil ing kitab baka | ko[k]aranni Suluk Kadim | tutugêna lan Bayan-maote pisan ||

180. Kang rayi nuwun turira | inggih paduka idini | kang mugi angsala sabda | paduka kawula pundhi | kang raka anganthuki | lorogan kantor dinudut | kathah ingkang jilidan | korasan kêrtas akodhi | wontên kanthong sawiji baludru abang ||

181. Sinuntak isi dhèrèkan | ting galundhung tigang rakit | kêmiri pidak abênan | lêmpèt conthang lawan gambir | ambête den ukupi | kutug sêkar campur bawur | kang raka èsêmira | arêndhêt nora kadugi | Jayèngraga tumungkul nyana kêdukan ||

182. Kang raka alon ngandika | gèsèh têmên sira iki | dudu tabiyat sunatan | mêngangguran kang tanpa sil | mung siji iki yayi | karêpmu ngong nora rêmbug | lapal jale napsaka | jaenabil maksiyati | dudu paès-paèse karana Allah ||

--- 5 : 115 ---

183. Lan iku paedah apa | kêmiri pinêtri kadi | jimat makutha Suleman | gawe kasliyoning budi | tabiyat maksiyati | tanpa mupangat ing ngèlmu | kang rayi anoraga | kalangkung dènira ajrih | arsa matur tan wun dinukan ing raka ||

184. Kang rayi ngaturkên kitab | maring raka anuwun sih | supaya ingapuraa | kitab Markum jilid alit | Bayan-mani-maoti | baka tunggil jilidipun | kang raka rum lingira | iki prayoga binudi | sampurnane ing tekad maring kasidan ||

185. Kayata sawiji ayat | iki al insanu siri | wa-ana siruhu lirnya | wal kayatu bila rokin | insaniyun birakin | kulu saiin wadahu | iku ingakên tunggal | nanging nora tunggal yayi | sabab dening akadim kêlawan anyar ||

186. Kadim urip tanpa nyawa | anyar urip lan nyawèki | mungguh pangandikaning Hyang | sinêbut sawiji-wiji | wahdahu iku yayi | iya sênêt ing ngalêmbut | lêmbat-lêmbuting agal | agal-agaling ngarêmit | pahuwa ila huwa hèruhu lirnya ||

187. Iya iku iki ika | dudu iku ika iki | nanging iya nora liya | saking iku iya pêsthi | mangkono iku yayi | manira durung guguru | duga-duga kewala | durung winulang Jêng Kyai | Jayèngraga lêga myat kang raka lêjar ||

188. Yata wau sang abrangta | adangu dènira nganti | Ki Nuripin manjing mêdal | ngupaya mring santri Luci | masjid gêng tan pinanggih | kapanggih nèng masjid mangu | anulya winartanan | lingira ki santri Luci | ing bêcike sira dhewe pêpanggiya ||

189. Kalawan Ki Jayèngraga | iya tutwurièng mami | Ki Nuripin saurira | sakarsanta ngong umiring | lumampah wong kêkalih | Jayèngraga wismanipun | panuju akaliyan | Jayèngwèsthi aningali | Suluk Kadim kagyat kalaning tumingal ||

190. Santri Luci kalanira | kalawan santri Nuripin | sigra dènira anyapa | paran karya dene gati | apa ngutusirèki | mring (n)jêng kyai dene gupuh | santri Luci turira | wiyosipun tur udani | pan ing jawi wontên wong arsa panggiya ||

191. Inggih dhumatêng paduka | puniki abdi Nuripin | yêktosipun kang ambêkta | Jayèngraga muwus aris | marang santri Nuripin |

--- 5 : 116 ---

santri têka ngêndi iku | dene wanuh lan sira | Nuripin umatur aris | inggih santri punika saking ing Karang ||

192. Kadosdene santri para | tingalipun santri murni | awasta Sèh Amongraga | duk wingi nèng wisma mami | kawula têtakèni | akumbi tan pati kudu | kêkalih rencangira | punika kula tan nyani | taksih ngêmu wêwadi botên pasaja ||

193. Jayèngraga angandika | mring kang garwa Rarasati | wong kabèh kang nambutkarya | konên sumingkir kariyin | sadandanane sami | aywa na ingkang kadulu | iku durung amangan | padha ingonana sami | anèng kampung wingking dènrumat sadaya ||

194. Kang garwa matur sandika | liningan kang nambutkardi | sigra bubar sami ngiwa | galèthèkan dènusungi | jumênêng Jayèngwèsthi | kinèn nata lampitipun | Jayèngraga parentah | mring wong rencangira sami | angrêsiki kang pandhapa sinaponan ||

195. Luci lan Nuripin gêpah | tata palênggahan lampit | kasab alus ginêlaran | klasa batu wiyar putih | Jayèngwèsthi ngling aris | lah (m)bok ipe sira iku | mundura marang wisma | angêrtènana cêcawis | saanane sathithik ingkang prayoga ||

196. Abênêr (ng)gonku samaya | kaya ana kang inganti | kang rayi matur sandika | lumêbèng wisma sêsaji | raka ngling payo yayi | konên ngundang dhayohamu | kowe kene linggiha | matur sandika kang rayi | nulya nuduh mring Luci Nuripin agya ||

197. Lah dènaglis aturana | aywa kasuwèn nèng (n)jawi | kang liningan sigra mentar | Nuripin lan santri Luci | praptèng (n)jawi wus panggih | santri Luci kagyat (n)dulu | maring kang wau prapta | jatmika sêmune wingit | wus anêrka yèn dudu wong ala-ala ||

198. Luci matur dawêg enggal | paduka dipunaturi | inggih dhatêng Jayèngraga | lan kang raka Jayèngwèsthi | gupuh kang sinungan ling | yata Jayèngwèsthi wau | Luci saungkurira | angandika mring kang rayi | kaya-kaya yayi dhayohmu prayoga ||

199. Dene sadurunge prapta | tyasingsun wus angrujuki | ki dhayoh

--- 5 : 117 ---

santri ing Karang | badhe amanggutkên§ Prayoginipun / amagutkên /. ngèlmi | para dèn ngati-ati | dhayoh kang sêdya pêpangguh | mring (n)jêng kiyai bapa | kang rayi umatur inggih | lagya ècaeca. rarasan Ki Luci prapta ||

200. Matur mangke kadhatêngan | kerit kèndêl anèng jawi | lêrês Nuripin turira | awingit kang badhe prapti | cahya apindha sasi | jatmika antêng aluruh | kados anamur kula | solah-bawane katawis | Jayèngraga Jayèngwèsthi sigra mapag ||

201. Jayèngwèsthi lon lingira | mring kang rayi Rarasati | ni ipe (m)bokayunira | Turida konên mariki | kakuranganirèki | mundhuta mring (m)bokayumu | karo angladènana | sandika ni Rarasati | santri Luci mit mentar marang ngajêngan ||

202. Jayèngwèsthi Jayèngraga | dènnya amêthuk wus panggih | sang monêng auluk salam | agupuh samya nauri | aris angancarani | ingaturan gupuh laju | nèng pandhapa alênggah | wusnya jawat tangan sami | lênggah tata Jayèngwèsthi anêmbrama ||

203. Kakang paduka katuran | sarawuh tuwan nèng ngriki | sintên kang sinujèng basa | lawan pundi kang kawingking | nauri kang sinung ling | têmbungira manis arum | kawula saking Karang | dene kang sudi mastani | duk nèng Karang wasta Ki Sèh Amongraga ||

204. nênggih kiagêng ing Karang | ingkang aparing kêkasih | Jayèngwèsthi aturira | paran karsanta mariki | Amongraga nauri | marma prapta yêktinipun | kawularsa panggiha | dhumatêng kangjêng kiyai | lamun parêng yêkti arsa puruita ||

205. Ngrasèhkên kawruh kang nyata | kapencut kita myarsi |Kurang satu suku kata: kapencut kita miyarsi. wartine saking ing Karang | ramanta sarwa winasis | marma tan etang mami | têbih-têbih kita ruruh | saking kasmaran myarsa | gumujêng Ki Jayèngwèsthi | sarya matur mangsa-boronga wawarta ||

206. sayêkti tan botên dora | anênggih rama kiyai | apan sarwa-sarwi ana | marma sagung pra dipati | bang wetan ngalap sami | mring (n)jêng rama kawruhipun | tanapi santri têbah | kathah

--- 5 : 118 ---

ingkang sami prapti | lajêng wisma awis kang purun mantuka ||

207. Kawula sring darbe sabat | sutaning para dipati | sawêg samya mantuk enggal | tan susah dhatêng kiyai | pan kawula pribadi | sayêkti ingkang mumuruk | wit pakèning (n)jêng rama | gumujêng Sèh Amongragi | witming sukur yèn yayi sampun sampurna ||

208. Inggih botên susah-susah | panggih lan ramanta nênggih | yata dangu arêrasan | Jayèngwèsthi ngandika ris | mring garwa lan kang rayi | (m)bok ipe sira apa wus | yèn duwe sasaosan | bubucu têka sabithi | ladèkêna sira mau (n)jangan apa ||

209. Turida lon aturira | mring raka awidik-widik | inggih kêlan sumapala | jangan dhusun tan prayogi | rayinta Rarasati | kang sêsaji dangunipun | kêlan jangan nêgara | Jayèngwèsthi mèsêm angling | ingkang êndi bedane desa nagara ||

210. Matur jangan padhamara | jangan dhusun inggih mênir | lah wis sira ladèkêna | agupuh kang rayi kalih | rampadan wus miranti | sinaosakên ing ngayun | sadaya sêlirira | ingkang samya nglêladèni | sêkul bucu lan pulên pêthak las-lasan ||

211. Nèng panjang giri myang ulam | pêcêl pitik jangan mênir | jangan padhamara dhara | madhêp kang lagya mèmèti | kilêng-kilêng akinyih | opor-bèbèk lan bêtutu | dhèndhèng gorèng gêpukan | gorèngan kathik gulathik | êmpal abon dhèndhèng panjêl§ Prayoginipun / dhèndhèng panjèn /. lan sujènan ||

212. Age rêmpah lan tum-tuman | kêrupuk bêsêngèk pitik | sambêl-gorèng sambêl kacang | lombok kêncêng lawan pêtis | lalaban kacang cipir | kêcèmèh têrung§ Prayoginipun / terong /. lan timun | bêrambang tempe mêntah | kêcambah gudhe kêmangi | kang rampadan sadaya piring lancaran ||

213. Wus tinata anèng ngarsa | Jayèngwèsthi ngandika ris | inggih suwawi ki raka | paduka lêkas wêwanting | payo wisuha yayi | nulya samya atuturuh | Jayèngwèsthi lingira | mring garwa miwah kang rayi | lah Turida lan Rarasati majuwa ||

--- 5 : 119 ---

214. Akêmbul buktiya sisan | ngalap barkahing sang tami | karana Allah kewala | ngarah apa wus tan sigi | ajang tuwungmu êndi | wisuha karo dimaju | kang garwa jrih pinêksa | nulya samya majêng sami | pan punika rayinta kalihe pisan ||

215. Mugi sampun taha-taha | ngakên rayi èstri kalih | sang monêng luntur tyasira | rinahab datan sinigi | kumênyut tyasira sih | mring Jayèngwèsthi suh rêmpu | osiking tyas kang muga | dadya-a jalaraning sih | nastijaba sawabe kiyagêng Karang ||

216. Sakêdhik radi cawêngah | akêmbulan dede mukrim | tinahan ngecani sarak | nulya lêkas kêmbul bukti | samya pikantuk bukti | sang tamu tan pati antuk | wêtara mung sasalak | kalonge sêkul binukti | kêtuwukên dènnya lênggah tan bisa bah ||

217. Dènnya nadhah akêmbulan | Jayèngwèsthi gung anglirik | mring tamu osiking nala | sunduga lawas wong iki | tan kambon ing rijêki | saking brangtaning ing ngèlmu | Jayèngwèsthi lingira | kakang dèn-nêmên abukti | lah sampun kathah-kathah ingkang pinikir ||

218. Kawula ingkang madhangna | ribêde pun kakang yêkti | ing mangke dalu kewala | kula ambabar sêjati | sasurasaning ngèlmi | kang tan tèdhèng gathak-gathuk | mèsêm Sèh Amongraga | angalêm sajroning ati | marang Jayèngwèsthi lawan Jayèngraga ||

219. Wong iki ladak pasaja | sapolahe amantêsi | sathithik kakèhan ombak§ Prayoginipun / umbak /. | ngêgungkên yèn sugih ngèlmi | mangkana ris nauri | inggih sampun sangêt tuwuk | lami kula tan kadya | punika (ng)gènkula bukti | sakalangkung pakantuk (ng)gènkula nadhah ||

220. Katêmbèn kula rahaban | sami akêmbul kêndhuri | langkung lan takêre saban | Jayèngwèsthi nauri (ng)gih | micorèng jroning ati | iku apa wus togipun | samono tadhahnèki | apa samudana lamis | yèn katoga acicik lir kucing lara ||

--- 5 : 120 ---

221. Lan aja kêmbul lan ingwang | tan samono krowaknèki | kalong mung sapongge bajang | prandene warêg kapati | kumlêkarên abukti | batinne tan pati kudu | saking brangtèng Pangeran | cahyane sumilak wêning | matur malih dhuh suwawi kang pakangsal ||

222. Tansah nyarakkên sumangga | Amongraga naur inggih | sampun dumugi katêdha | kurmatipun yayi kalih | tan sagêd amangsuli | ingkang sih prananing kalbu | Jayèngwèsthi norraga | alon muwus mring kang rayi | lah Turida Rarasati angloroda ||

223. Iya banjurna kewala | carikên marang pawingking | mring sabate kakangira | wasisan lan Nuripin |Kurang satu suku kata: wasisan lawan Nuripin. nulya sami wêwanting | linorod kang dhahar sampun | binagi wus warata | Turida lan Rarasati | wusnya têbah barêsih mundur mring wisma ||

224. Arakit saji dhêdharan | sinaosakên ing ngarsi | sêkul susu kêtan kolak | rujak kopyor pisang kuning | duryan kalawan manggis | pêlêm lan dhuku kapundhung | jambu sawo rambutan | salak sêmangka kuwèni | wus atata dhêdharan andhèr nèng ngarsa ||

225. Jayèngwèsthi ngling sumangga | punika pangusap amis | Amongraga rum lingira | inggih kalangkung ingkang sih | sangêt panrimèng-mami | nulya mèt sawiji dhuku | Jayèngwèsthi mundhut salak |Lebih satu suku kata: Jèngwèsthi mundhut salak. satunggil dhinahar manis | Jayèngraga cêkoh kokoh kêtan kolak ||

226. Jayèngwèsthi ris ngandika | sirèku rada mangani | mau (n)bok-warêgi pisan | dadi tan mindho-gawèni | langkung tawêkalnèki | Jayèngraga matur gumuyu |Lebih satu suku kata: Jayèngraga tur gumuyu. inggih kalangkung kêmba | yèn mêntas kawula bukti | kêdah nênêdha lêlêgi mung kêtan kolak ||Lebih satu suku kata: kêdah nêdha lêlêgi mung kêtan kolak.

227. Wusnya nutug adhêdharan | Jayèngwèsthi ngandika ris | mring kang rayi Jayèngraga | masjid tatanên kang bêcik | sira adanna dhingin | iki sêdhêng waktu Luhur | Jayèngraga turira | inggih sampun dènrimati | ingaturan Sèh Amongraga asalat ||

--- 5 : 121 ---

228. Wus kering§ Prayoginipun / kerid /. mring masjid salat | myang Turida Rarasati | makmum lawan sêlirira | lan Jamal Jamil Nuripin | wulu wus dènadanni | asunat sadayanipun | Jayèngwèsthi turira | paduka ingkang ngimami | Mongraga ngling prayogi yayi kewala ||

229. botên prayogi pun kakang | kang sêpuh ingkang ngimami | nulya Ki Sèh Amongraga | kalihira anglêgani | sigra majêng ngimami | mangkana usalli prêlu | lumawan tumaninah | nênelakakên kang trêtip | tutug dènnya salat Luhur bakda salam ||

230. Pêragat puji-pujian | wusnya dikir donga Luhri | nulya sêlawat salaman | lajêng kewala nèng masjid | Turida Rarasati | dhêdharan kinèn sumusul | mring masjid sadayanya | agêpah kang para sêlir | samya angusungi dhêdharan sadaya ||

231. Miwah mawantu nyamikan | lah-olahan ingkang adi | Rarasati lan Turida | tansah ngladèni nèng ngarsi | gantos wêktu Ngasar-i | mangkana sabakdanipun | Jayèngwèsthi turira | mring Amongraga aririh | prayogine kakang lajêng mangilèna ||

232. Inggih dhatêng wismakula | sakêdhap sewang miranti | yèn sampun kawêradinan | tamiyan paduka inggih | lajêng sami umanjing | saos mring rama wong têlu | Amongraga anabda | punapa sakêrsa yayi | kula ndhèrèk karsane yayi kaliyan ||

233. Jayèngwèsthi lon ngandika | mring garwa muliha dhingin | tatanên anèng paningrat | lan adhimu Rarasati | dhêdhaharane iki | gawanên ngulon sadarum | kang kalong sulamana | lan apa ingkang prayogi | iya mangsa-bodhowa sira kang rumat ||

234. Kang garwa matur sandika | nulya mantuk lan kang rayi | ingiring pra sêlirira | mangulon sigra arakit | papan dènnira linggih | wus miranti sadaya wus | yata tiga sang wirya | lumampah mangilèn sami | nèng paningrat tan pae paèsing wisma ||

235. Reka-rekaning arêngga | arakit tan nguciwani | mangkana Sèh Amongraga | ngaturan lajêng ing panti | paningrat dènnya linggih | Mongraga raosing kalbu | kadi tan ngalih (ng)gyannya | èsmu gumun jroning galih | dene nora nana siwahe salingsa ||

--- 5 : 122 ---

236. Wus tata dènnira lênggah | sinambi dhadharan adi | Ki Nuripin aturira | kawula anuwun pamit | mantuk mring wismamami | mapan ing lampah wus katur | Jayèngwèsthi ngandika | sira ywa mulih kariyin | sesuk yèn wus lumêbu sira muliya ||

237. Karana iku manawa | dinangu mring (n)jêng kiyai | ana-a kang matur cêtha | kakang waune duk prapti | anèng wismanirèki | dadya titi paturanmu | pan nora kêtanggungan | ngiras ladènana mami | Ki Nuripin sandika ing aturira ||

238. Tan winarna solahira | samana pan sampun Mahrib | yata nulya minggah salat | nèng masjide Jayèngwèsthi | kang adan Ki Nuripin | sadaya ngambil hèr wulu | Rarasati Turida | miwah parèstri makmumi | Jamal Jamil Jalalodin samya sunat ||

239. Wusnya sunat pupujian | astagpirulah halngalim | minkuli danbin alami | wa layakpiru dunubi | ila rabil-alamin | sang wirya tri sunat sampun | Amongraga pinêksa | wau kinèn angimami | santri Karang mokal lamun tan gambuha ||

351. Gambuh

1. Amongraga amuwus | wajib kang darbe wisma punikaGuru lagu seharusnya: 10u, wajib kang darbe wisma puniku. | angimami ngêmum kewala ngong yayi | Jayèngwèsthi turira rum | botên pun kakang kemawon ||

2. bênêr tan bênêr iku | wajib pun kakang titiyang sêpuh | Amongraga mèsêm nauri aririh | manawi kathah kang luput | galap têmah ginaguyon ||

3. Jayèngwèsthi umatur | inggih kang botên-botên winuwus | mangke dalu kawula ambabar ngèlmi | Ki Amongraga gumuyu | sarwi majêng ngadêg alon ||

4. lajêng usolli parlu | langkung pasekat ing têmbungipun | Jayèngwèsthi Jayèngraga wus usolli | miwah kabèh ingkang makmum | mulyanulya. Amongraga gupoh ||

--- 5 : 123 ---

5. Wus amaca Alkamdu | awalira Surat Kul ya kayu§ Prayoginipun / Kul ya-ayu /. | nulya Surat Ida ja-a akirnèki | ulêming swara amêntul | kang makmum kabèh andongong ||

6. Jayèngwèsthi lan wau | Ki Jayèngraga duk myarsa gêtun | osiking tyas wong iki baya pi-api | awate bae balilu | ngong duga wus putus kawroh ||

7. Kacihna wacanipun | tumèmbêl bênêr ukaranipun | Amongraga tumaninahe atrêtib | tahyat akir iptitatun | nulya salam nêngên alon ||

8. Asalamu ngalekum | warahmatulah wa barakatuh | asaluka alpaoja biljanati | pataku nasrul islamu | nulya salam ngiwa alon ||

9. Asalamu ngalekum | warahmatulah wa barakatuh | asaluka najata waminari |Kurang satu suku kata: asaluka najata waminanari. wal apwa ngindal kisabu | bakda salat têngah timpoh ||

10. Gya pupujiyanipun | langkung rahab sadaya kang makmum | nulya tutug pupujiyan lajêng dhikir | wus dhikir andonga rajuk | Jayèngraga nasib alon ||

11. Ngêlik sêdhêng swara rum | bêning gumrining alêmpêng êmpuk | alahuma sali wa salim ngalehi | pagpirlana warkamnahu | waliman ya kulu rêko ||

12. Tamat pandonganipun | nulya salawat salaman wau | lajêng sunat bakda ngangkat sunat wabin | tigang salam atêpakur | pamawasing kang waspaos ||

13. Sampuning dhikir suhul | amung Pangeran ingkang wus jumbuh | jumbuh ing dat sipat asma apngalnèki | pagut napi isbatipun | ing dalêm kak tan kaledhok ||§ Prayoginipun / tan kaledhon /.

14. Wusnya mangkana wau | wanci manjing wêktu Ngisa-nipun | nulya Jamal Jamil kinèn angadani | wus adan sunat sadarum | Amongraga maksih kinon ||

--- 5 : 124 ---

15. Angimami puniku | Amongraga mopo pinêksa wus | laju kewala ngiman§ Prayoginipun / ngimam /. nulya usolli | agya Patekah Alkamdu | awal surat kang winaos ||

16. Surat Jumungah nêngguh | nulya Surat Munapèk akiru | tumaninah trêtibe sarwa utami | dumugi ing salamipun | bakda pupujiyan royom ||

17. Dhikirira asêngkut | wusnya donga ing apêngal lalu | Jayèngraga tansah berag dènnya nasib | kang amin rahab kalangkung | sampuning salat ingkang wong ||

18. Sarta sasalaman wus | dènnira sunat bakda kang makmum | nulya mundhun§ Prayoginipun / mundur mudhun /. para santri lit-alit |Kurang satu suku kata: nulya mundhun para santri alit-alit. kantun sang wirya katêlu | sunat witir têsbèh ênggon ||

19. Sampurna tangatipun | lajêng manggèn kewala nèng tajug | tata kitri dènnya lêlênggahan sami | para garwa anèng pungkur | acadhang yèn ana pakon ||

20. Jamal Jamil akumpul | lan Nuripin Jalalodin tan wun | lawan santri-santrine piyambak sami | Jayèngwèsthi ngandika rum | marang ing garwanira lon ||

21. Hèh Turida sirèku | apa wus gawe sêkul sananjung | matur dèrèng sawêg dipunraratêngi | sakêdhap êngkas mèh sampun | dhadharan kang wus mirantos ||

22. Iya saosanamu | saanane ladèkna kang mungguh | lan tekone rinta gawanên mariki | satenongane dèn-gupuh | kang rayi matur wus saos ||

23. Garwèng rayi agugup | angladèkkên pateyan nèng ngayun | sêlir samya anampa dhulang tup saji | kakarangan praptèng ngayun | Turida lan rayi gupoh ||

24. Ingkang nata ing ngayun | pisang mas jambu kêlampok arum | salak pakèl kuwèni durèn lan manggis | pijêtan dhuku kapundhung | srikaya lan pêlêm dodol ||

--- 5 : 125 ---

25. Nanas kêrêtan têbu | sêmangka jingga kêtela-gantung | miwah olah-olahan kang adi-adi | randha-kèli rara-mêndut | pipis-tuban pipis-kopyor ||

26. Sêmpurna lèmèt pasung | gantal lêmpêr lan sêmar-tinandhu | plèrèt gêmpol apan kopyor rujak kawis | clorot jênang pathi sagu | juwadah lan jênang dodol ||

27. Wus sumaji sadarum | munggwing piring lancaran kang jêpun | Jayèngwèsthi alon dènnya ngancarani | suwawi kakang sang bagus | karana Allah kemawon ||

28. Sang tamu lingnya arum | sangêt yayi ing panrimaningsun | botênbbotên. sagêt amangsuli gênging kang sih | kang rayi kalih turipun | kang botên-botên rinaos ||

29. Kawula pan wus saguh | amadhangkên kakang ribêdipun | sêlat-sêlotipun mangke sêdhêng wêngi | mugi sasambèn rumuhun | rayinta (ng)gyanipun sugoh ||

30. Nulya samya amundhut | dhahar dhêdhaharan sakarsanipun |Lebih satu suku kata: dhahar dhêdharan sakarsanipun. Amongraga mung pisang mas saulêr thil | dhinahar nugêl ping pitu | gutuk tugêl dènnya atop ||

31. Jayèngwèsthi ngling kalbu | nora jamak cicike wong iku | layak mingkup ususe amung sadami | mung gêdhang saulêr tuwuk | dèn-onjot-onjot ing atob ||

32. Jayèngwèsthi tan antuk | dènnya sasambèn nyamikanipun | Jayèngraga dhahar bikut maratani | tan winuwus dangunipun | Jayèngwèsthi lingira lon ||

33. Marang ing garwanipun | hèh yayi (ng)gonmu angliwêt mau | liwêt tambra gajihe ayam kêbiri | pariksanên lamun uwus | nuli ladèkêna kono ||

34. Gya pinariksa sampun | rimat sadaya saosanipun | Ni Turida rêrasan lan Rarasati | anèng wisma ting kacêmut | samya ngungunnira karo ||

35. Turida ris amuwus | ya talah dhayoh kae kalangkung | jatmikane aruruh apik acicik | wong mangkana kae patut | dadiya pripeyan munggoh ||

--- 5 : 126 ---

36. Lawan salaminipun | Ki Jayèngwèsthi tuwin bojomu | kadhayohan nora kaya dhayoh iki | rahabe rakêt sadulur | nora mambu nêmbe tumon ||

37. Tan ana sisigènipun | kaya ana kalêthêking kalbu | bêbatangan bae besuk badhe dadi | iya paripeyanamu | Rarasati matur alon ||

38. Inggih kados puniku | lêrês pêmbatang paduka tuhu | dugi kula tiyang punika angilmi | yèn mangke rêrasan ngèlmu | kula pêthèk sami kawon ||

39. Pun tamu ingkang unggul | katawis tajêm polatanipun | sinaguhan sêmunipun wus madhangi§ Prayoginipun / ngandhangi /. | Turida nauri muwus | ayake iya mangkono ||

40. Lah payo wis mring ngayun | ywa kasuwèn yèn sêlak pinundhut | para sêlir ingirit majêng mring ngarsa | anampa rampadanipun | dhêdharan pinire maro ||

41. Bubucu dinok ngayun | liwêt tambra ngalênga kumênyus | jangan pindhang-sungsum kare cara kaji | brongkos sambêl-gorèng mangut | basêngèk pitik lan opor ||

42. Pes-pesan tambra palung | bêsèngèk angsaran kêlalèn klulung |Lebih satu suku kata: bêsèngèk angsaran klalèn klulung. gogorèngan bontot burcèt kathik glathik | johan dêrkuku cuwiyun | gangsir êmprit-pêking bondhol ||

43. Dhèndhèng age bêtutu | êndhog bêkamal pindhang cêrubuk | babat galêng sêrêgan lan kalak ati | sajenan kêrupuk-têrung | srundèng êmpal ragi abon ||

44. Sate pal êmpuk duduh | lalaban kêrai terong timun | sambêl lethok lombok kêncêng lawan pêtis | kêcêmèh lan parewêlut | têmu poh kacang gêleyor ||

45. Wus sumaos ing ngayun | kèndêl kang garwa sarwi akêbut | Jayèngwèsthi alon dènnya ngancarani | sumangga kakang tuturuh | lajêng wijik toyèng bokor ||

--- 5 : 127 ---

46. Wusnya wêwanting wau | kang garwa rayi tan kêna kantun | samya kêmbul kalima dènnira bukti | Amongraga pulukipun | sawohing tanjung kang ijo ||

47. Kinêpêl-kêpêl dangu | nganti atos bundêr lir binubud | tinakêra gutuk puluh lan kang rayi | ulam mung karupuk-têrung | kang dhinahar lan têmu poh ||

48. Dènnira dhahar sêkul | liwêt tambra namung patang jumput | langkung tamban pamamahe nganti-anti | anganti salêmbutipun | tan akêcap ngêlêt alon ||

49. Jayèngwèsthi andulu | sasmitanira sinamun-samun | osiking tyas wong iki dhasare apik | cicike saking kapatuh | maune kêrêp ngêlowong ||

50. Nadhah saking kêbutuh | sunat bae datan pati kudu | ngur dhèk awan rada kèh kalonge kêdhik | kalonging sêga kur-ukur | mung saêndhog ayam cebol ||

51. Jayèngwèsthi arangu | -rangu dènnya nadhah mung andulu | lamun kêraos eca dènnira bukti | sêdhêng bumbune asêngkut | myat ing tamu milu kêndho ||

52. Jayèngraga asêngkut | dènnya nadhah kokoh cekoh bikut | rab-uraban myang jangan salin-sumalin | winratan ulam sadarum | kanthi kasundhulan antob ||

53. Pan têksih kokohipun | pêtis rinêmêkan abon rêmus | Jayèngwèsthi alon muwus mring kang rayi | êntèkna aja kasusu | mati pitikmu bêrondhol ||

54. Jayèngraga gumuyu | ginuyu mring garwa kang (m)bokayu | pan sadaya dènnya nadhah angêntèni | samana wus samya nutug | Mongraga kinèn tuturoh ||

55. sarêng dènnira wisuh | nulya linorod ambêng nèng ngayun | wus tinampan para sêlir anyariki | mring pamburi sadaya wus | Jamal Jamil samya golong ||

56. Dènnya nadhah ngathêkul | Jalalodin Nuripin athêkul | nora tau mangan lawuh kang kadyèki | samya angêndhoni sabuk | mênthêng-mênthêng lambung mêdhok ||

--- 5 : 128 ---

57. Sampun panglorodipun | dhêdharan malih tinata ngayun | Jayèngwèsthi ngling sumangga nulak§ Prayoginipun / panulak / [bila diganti kelebihan suku kata: kalau perlu diganti sebaiknya 'tulak']. amis | Mongraga muwus kalangkung | narimèng sih têkèng batos ||

58. Jayèngwèsthi amundhut | jêram kêprok binêlah kaujur | Amongraga mundhut rambutan satunggil | Jayèngraga sêga susu | kêtan kolak nora êpot ||

59. Jayèngwèsthi gumuyu | dene jojodhangan sira iku | bisa mrênahakên ênggon lêgi-lêgi | kukuh ganjane kêrismu | kêncêng tan kêna binêthot ||

60. Kang rayi sru gumuyu | sarwi matur langkung kêmbanipun | botên mangsêg yèn botên nêdha lêlêgi | lamun kang olah (m)bokayu | sadhengahipun kemawon ||

61. Sagêd dumugi bumbu | kalêrêsan tan wontên kang kadung | dados kathah eca raosing abukti | Ki Jayèngwèsthi gumuyu | pintêr anggênah sireko ||

62. Amongraga amuwus | inggih lêrês rayinta puniku | lamun sarwa sêdhêng bumbunipun ugi | raosing sangêt anuntung | kaot piyambak sa-ajom ||

63. Jayèngraga gumuyu | ambodhokkên paduka puniku | dene lêrês anggènkula amastani | raka ngling andêlna iku | olèh babah (ng)gêgêm gacon ||

64. Jayèngwèsthi amuwus | mring Amongraga wacana arum | inggih ta lah tan nyana kakang winasis | tan kêna ngakên balilu | kacihna (ng)gonne mêmaos ||

65. Patitis kir'atipun | alêrês panjang lan cêlakipun | Amongraga nauri arum amanis | têtêlat kang wus linuhung | sayêktine botên enjoh ||

66. Batine mung puniku | kewala tungkul pan olèh têmbung | Jayèngwèsthi nauri dene akunci | angalingi kawruhipun | tan kenging angakên bodho ||

--- 5 : 129 ---

67. Eca rêrasan dangu | sinambi dhahar nyênyamikanipun |Lebih satu suku kata: sinambi dhahar nyamikanipun. sapikantuk dènnira angimbir-imbir | ngrasakkên raosing ngèlmu | Mongraga kinarubut ro ||

68. Jayèngwèsthi lon muwus | Turida sira karo adhimu | wis tilarên nèng wismanirèki |§ Kirang kalih wanda, prayoginipun / wis tilarên nènga ing /. nanging ywa sira aturu | manira lagya têtêlon ||

69. Nuripin bae tunggu | cèrèt ing anglo dimèn kinêbut | Kèn Turida mundur lan kèn Rarasati | Mongraga lêga tyasipun | tyas lêjar mari arikoh ||

70. Jayèngraga umatur | mring Amongraga têmbungira rum | ngong nunuwun apitakèn kang sayêkti | kang pundi wujuding ngèlmu | tan papan tan tulis rêko ||

71. Kula salaminipun | dèrèng manggih murad kang ginathuk | ngèlmu kothong tanpa papan tanpa tulis | mugi paduka sung tuduh | wujudipun kang samêrngko ||samêngko.

72. Mongraga mèsêm muwus | yayi de anèh têmên puniku | kang tinakokakên sawujuding ngèlmi | tanpa papan tulis iku | kang kothong ingkang tinakon ||

73. Èwêd ngèlmu puniku | pan sumangga yayi ingkang sêpuh | Jayèngwèsthi nauri sumangga mugi | wontêna pituduhipun | pangudinipun patakon ||

74. Inggih supayanipun | padhang nêrawang ing manahipun | pan puniku gêgambènipun kang ngèlmi | kula inggih dèrèng mangguh | wujuding ngèlmu kang kothong ||

75. Mongraga lingira rum | langkung utamining ngèlmu wau | yèn tan gèsèh kalawan tanggaping kalbi | yèn kaplantrang kêlantrang kêpaung |Lebih dua suku kata: lamun kaplantrang kêpaung. lir kinjêng tanpa sotya non ||

76. Dene sajatinipun | ngèlmu tanpa papan tulis iku | nênggih Kur'an lan Kitab-kitab sayêkti | sêmune tanpa sadarum | puniku pinurih coplok ||

--- 5 : 130 ---

77. Saking jilidanipun | yèn bisa coplok ngalih ing kalbu | saunining Kur'an wus apil ing galih | myang kitab apil kacakup | cap-lêng coplok wus ngalih (ng)gon ||

78. Kewala anèng kalbu | kalbu wus wujud ngilmu kang agung | tan kêna sat tyas wus pangawak jaladri | mring papan tulis tan ngingus | tanpa gawe wus tan kanggo ||

79. Yayi inggih puniku | ngèlmu tan papan tan tulisipun | dene ingkang salang suruping tampi |§ Kirang sawanda, prayoginipun / dene ingkang wong salang suruping tampi /. amangeran dhèwèkipun | dhèwèke awake bobrok ||

80. Mung ngêngèl-êngèl wuwus | wuwuse ngaku-aku amêngku | kang punika kapêlantrang kawruhnèki | mila kêdah mrih sumurup | yèn kêsosol dados gecol ||

81. Jayèngraga tumungkul | tyasira kêkandhangan ing kawruh | graitane pundhês tan thukul sadêmi | yèn nêdya mawali kawruh | malah tyas mindhak cumêplong ||

82. Panarimanya antuk | wêwatêsan ing kawruh kang luhung | Jayèngraga ngêgrèpèh§ Prayoginipun / ngrêpèpèh /. umatur aris | datan anyana saglugud | coploke ngèlmu ngalih (ng)gon ||

83. Manggon anèng ing kalbu | inggih sangêt kasinggihanipun | dèrèng wontên para pandhita kang alim | ingkang nampurnakkên kawruh | kang anjarwani mangkono ||

84. Ingkang sami têrtamtu | tan kenging nalimpang saking riku | nênggih wontên tiyang ahli raos angling | tunggil kang paduka wuwus | mêngku angaku Hyang Manon ||

85. Sangêt kalêsikipun | sumangga kakang kula rumuhun | duk paduka tumiyan Ki Tatasjati | ing pangraos kula sampun | ing mangke têmahan cebol ||

86. Jayèngwèsthi amuwus | mring kang rayi wus manira milu | ing kawruhe kakangira Amongragi | wusira ywa ro ing kawruh | ciptanên nugraha rawoh ||

--- 5 : 131 ---

87. Jayèngwèsthi ausul | maring Amongraga sualipun | duk wang-uwung durung ana bumi langit | Allah nèng ngêndi (ng)gènnipun | myang duk karya jagad kono ||

88. Langit lan malihipun | kang thukulan lan gumrêmêt iku | miwah gunung sagara lan kali-kali | kang pundi sayêktosipun | waune lawan samêngko ||

89. Jayèngwèsthi asêngkut | mathênthêng wadi pitakonipun | yèn wong tembre-tembre arang kang ngawruhi | nadyan para kaum-kaum | kajaba oliya yêktos ||

90. Amongraga duk ngrungu | têka gumuyu wardayanipun | patakone apa baya amung iki | kang binuntêl kang kinandhut | Mongraga nauri alon ||

91. Mênggah basa puniku | duk wang-uwung kabèh durung wujud | bumi langit saisine durung dadi | punika apan la takyun | kun ingkang ana ing kono ||

92. Lagi ora puniku | lan lagi-lagi nanging-nanging kun | durung-durung nging nokat wilayat gaib | tri gaib-gaibul guyub | gaib uluwiyah rêko ||

93. Gaib uluwiyahipun | gaib tigang prakawis puniku | pan kalangkung ngèlmu punika arêmit | kang la takyun muradipun | kang pêsthi anane linyok ||

94. Kun apan muradipun | lagi bae tan kêna binêstu | nokat wilayat gaib punika wingit | wit tanpa karana iku | tan ajali pribadi pon ||

95. Gaibul guyub iku | pêsthi amor tan katon dinulu | gaib uluwiyah iku kang wus pasthi | têtêp nèng sajroning limut | pêtênging pêtêng tan katon ||

96. Gaib uwiyah iku | mêsthi têtêp nèng papadhangipun | padhanging apadhang datanpa aling-aling |§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / tanpa /. nêrantang tan lamuk-lamuk | samonoa pon tan katon ||

--- 5 : 132 ---

97. Punika muradipun | dene ingkang kak kakekatipun | sanyatane pun bumi kalawan langit | langit bumi jatinipun | bumi ngakal kang sajatos ||

98. Mangka duk§ Prayoginipun / Mongraga duk / [Kelebihan satu suku kata]. wangwungipun | sadurunge bumi langitipun | inggih sadèrènge wontên akal budi | budi kita kang satuhu | tuhu ananing Hyang Manon ||

99. Anane tan kadulu | tan kêna yèn dinalih dinulu | yèn ta dèrèng maujud akal lan budi | mênêng mung mênêng puniku | ênêng êning wus pana pon ||

100. Puniku jatinipun | nyataning nyata kawruh wus pupus | Jayèngwèsthi tustha manahe kajatin | kalangkung dènnira ngungun | sapandurat tan miraos ||

101. Yêktine mung puniku | kang kinarya gêm salaminipun | ing têngahe mangke wontên kang jawabi | kalihe osiking kalbu | wong iku tuhu kinaot ||

102. Lawan (ng)gonningsun ngandhut | durung ana kang bênêr salugut | panjawabe mung wong iki kang patitis | dalênge§ Prayoginipun / dêlênge /. kadya balilu | tan nyana yèn wus sumrowong ||

103. Têka mangkana wau | kalih osike jro nalanipun | Amongraga angling malih rum amanis | dalêm wêdalna sadarum | kabèh ngèlmu kang kinaot ||

104. Pintên banggi wakingsun | manawi sagêd ambatang ulun | Jayèngwèsthi Jayèngraga saurnya ris | êntèk tan wontên kang kantun | kang anèng gêgêdhongingong ||

105. Sun dugi dèrèng putus | pun kakang dene pindha balilu | tan andimpe kalamun sampun linuwih | Ki Amongraga sumaur | langkung saking sukur ingong ||

106. Yayi (ng)gonnira gunggung | narima saking sihing Hyang Agung | kang liningan kalihe suka sêmu jrih | angling kakang pan satuhu | botên agunggung ragèng-ngong ||

--- 5 : 133 ---

107. Apan sayêktinipun | tan wontên lir pun kakang satuhu | pan wus datan karuhan kang praptèng ngriki | sawiji tan wontên wêruh | nênggih poncote kemawon ||

108. Têbih lan kang puniku | suprandene sadaya tan wêruh | Amongraga gumuyu nganthètkên malih | anglambangi ing pangawruh | puniku pan maksih ngadoh ||

352. Kinanthi

1. nênggih basa kang puniku | sarah sarengating Nabi | Muhamadinil-mustapa | wasalalahu ngalèhi | Mukamad daliling Kur'an | ing Kadis lawan kudusi ||

2. Ijêmak Kiyas lan KususKudus. | paedah kurmat ing Widi | punika kêdah santosa | ling-aling gondhèlan dalil | kang mukarab ngilmu sarak | ablahu ingkang utami ||

3. Sarengat tarekatipun | hakekat makripat nênggih | amot ing dalêm sarengat | sarengat (ng)goning kêdadin | wong kang aral bangsa riyah | mupangat sinung rijêki ||

4. Ngèlmu kakekat puniku | yèn tilar sarak kasirik | kasirik kasurang-surang | kasingkang-singkang kacicing§ Prayoginipun / kasicing /. | ewa punika jamanan | ing jaman kalih prakawis ||

5. Kang dhingin jaman ngam iku | lan jaman êkas puniki | lamun jaman mukmin êngam | kêdah ngapilakên dalil | sawirasaning ing kitab | kêdah paham anglampahi ||

6. Mangunah jalaranipun | saking apil Dalil Kadis | ingkang sarta linampahan | satus parlune tan gingsir | asihing wêktu palilah | pasa sêmbahyang angaji ||

7. Puniku wahyuning jamhur | sarapdin ulama mupid | jaman ngam-êngam utama | tumama ing wahyu suci | socane manusa êngam | binage nugraha ngadil ||

--- 5 : 134 ---

8. Dene dalil lan madêlul | mrih kandêlnya ing ling-aling | têpakurirèng Hyang Suksma | dadya tangating ngabêkti | wajibing Rasul pan tiga | kang sidik amanat tablig ||

9. Sidik bênêr têgêsipun | amanat kapracayèki | tabligh ingandêl têgêsnya | mokaling Rasul pan katri | kang gidib kianat kitan§ Prayoginipun / kitman /. | gidib gorèh têgêsnèki ||

10. Kiyanat palacidra dur | kitman ngumpêt têgêsnèki | punika ingkang supaya | kawangwang ing siyang ratri | kabiru mulki gaiban | agung karatoning gaib ||

11. nênggih basa kang puniku | pan maksih cêlak puniki | tan ngangge tèbèng satuma | galèthèke kang sayêkti | nyata nyataning anyata | rayi kalih dèn-bisiki ||

12. Athuk-gathuk adu bathuk | tumungkul kang rayi kalih | tyas samya candhang andhandhang§ Prayoginipun / cadhang andhangdhang /. | lir cintakacanthuka. minta riris | ris rêrasan ngèlmu rasa | wus tan na rasaning ngèlmi ||

13. Lire bibisik puniku | pamêdharing ngèlmu gaib | kang linarangan ing sarak | tan kêna kawijil ing ling | kang wus pupus ngalih titah | lah puniki yayi kalih ||

14. Yayi mung anèng manêngkung§ Prayoginipun / eneng manêkung /. | antara mung pitung sasi | mênêng budi mênêng solah | mênêng nendra mênêng bukti | mênêng ngucap mênêng (ng)ganda | mênêng myarsa mênêng mèksi ||

15. Datan ika iki iku | blêg plêng gêmplung blêng uwus nir | lowong buntu tan pinangka | sajroning blêng amung siji | wiji-wijiling kasidan | sida aku iya urip ||

16. Wijining wiji puniku | tumanêm ing pitung sasi | wijining nukat wilayat | duryat mêrtobat san kamil | wijining ing kêdadeyan | asênêt nèng pitung sasi ||

--- 5 : 135 ---

17. Sajroning pitung sasi wuk | kêmurahaning Hyang Widi | pan ing dalêm satus dina | palaling Hyang mratandhani | thikil wijining oliya | nurbuwah waliolahi ||

18. Ywa kandhêg pratandhèng ngriku | lajuning dadi ngadadi | ing dalêm wus pitung wulan | utami kang sangang sasi | jatining wisik tri kêcap | namung aku iya urip ||

19. Aku tan loro têtêlu | iya pra sèjèn dumadi | urip tan kêna ing pêjah | puniku yayi kang pêsthi | wêkas-wêkasan kasidan | sida-sidaning kadadin ||

20. Awang uwung lan kang ngèlmu | tanpa papan tanpa tulis | wus pupus rampung sampurna | kang buntu ing pitung sasi | punika mulyaning tekad | tuwin kamulyaning Widhi ||

21. Pupusputus. palêsthaning kawruh | wus sampurna thêl kinunci | tutup wus datan kabuka | kang mantêp dènnya akunci | Jayèngwèsthi Jayèngraga | sarêng myarsa (m)brêbês-mili ||

22. Ngraos tanpa bukti tuwuk | sêgêr tan anginum warih | rasa nikmat kanikmatan | wus padhang dulwèng sawiji | kalih sarêng ngrangkul pada | mring Mongraga awotsari ||

23. Sarya ris ing aturipun | dhuh kakang sadulurmami | ing dunya praptèng akerat | manjinga sahabatmami | ing paduka dening tuwan | asung padhanging tyasmami ||

24. Jêng rama kang ngukir ulun | tan angsung ngèlmu ginaib | tuwan kang têmbene prapta | mring kawula anètèsi | ngèlmu kangge akir awal | marmamba (ng)guguru yêkti ||

25. Tan kumêdhap ing pandulu | mung tuwan gurungong yêkti | gumujêng Sèh Amongraga | sarwi awêcana aris | muga Hyang anaksènana | saking karsanira kalih ||

26. Darmi-darmi raganingsun | nuduhkên ngèlmu wit saking | bêgjaning yayi kalihnya | saking sih nugrahèng Widhi | aparing ngèlmu sampurna | kewala kang dadi margi ||

27. Yata kalih matur nuwun | tumungkul osiking galih | sun têtêdha ing Pangeran | aywa tanggung awakmami | (ng)goningsun angèstu-pada | mugi pinarêngna benjing ||

--- 5 : 136 ---

28. Panggiha lawan (m)bokayu | mugi Hyang gampangna benjing | wangkaling (m)bokayuningwang | arsa-a mring wong puniki | paran malih ingupaya | pungkasan mung kari iki ||

29. Têka mangkana jro kalbu | kacatur pan mèh sawêngi | (ng)gèn agunêm ngèlmu-rasa | yata sêdhênge samya rib | Jayèngwèsthi lon ngandika | marang ki santri Nuripin ||

30. Sira timbalana gupuh | Nikèn Turida kèn mijil | kang linilanliningan. sigra mentar | tan dangu kang garwa prapti | sira mundhuta gêlaran | kajangsirah ingkang suci ||

31. Kang garwa liningan mundur | mundhut pasareyan aglis | tan dangu prapta anampa | lajêng tinata miranti | lre cakêt pangimanan |Kurang satu suku kata: lère cakêt pangimanan. klasa batu dèn-gêmbèsi ||

32. Ingukup pan marbuk arum | kajangsirah têlu alit | guguling loro kunthingan | singêp kampuh sêmèn-putih | wus tata matur ing raka | Jayèngwèsthi turira ris ||

33. Sumangga wus wanci bangun | paduka lêlêson arip | Amongraga rum lingira | inggih sakalangkung yayi | ing mangke manawi karsa | kawula tilêm yèn arip ||

34. Yayi prayogi umangsuk | ing dalêm asare arip | Jayèngwèsthi aturira | kawula kalilan gingsir | maklum paduka kewala | kawula mundur ing panti ||

35. Nulya lèngsèr kalihipun | mring wisma lan Jayèngragi | praptaning dalêm alênggah | ngandika mring ingkang rayi | yayi rasaning tyasingwang | seje wingi lawan iki ||

36. Kawruh ingkang rungkud-rungkud | lan kang bundhêt-bundhêt kêlit | marganing gèsèh rêrasan | simpangan ing dugi-dugi | ing saiki wus sinungan | dêling tan samar ing kapti ||

37. Nora anyana sarambut | palaling Hyang ingkang prapti | ginanjar ing kamurahan | mring sira kalawan mami | Jayèngraga aturira | inggih kasinggihan ugi ||

--- 5 : 137 ---

38. Kawula samantênipun | sangêt prabedane yêkti | wau lan sabên ika |Kurang satu suku kata: wau lan sabêne ika. wontên kaotipun ugi | kawula lawan paduka | kaot paduka wus sidik ||

39. Kang raka alon amuwus | ya wus padha uga yayi | mung kaot bangêt kewala | ing dalêm jati wus sami | payo seje winicara | mungguh Ki Sèh Amongragi ||

40. Yèn wus jênêk ing tyasipun | nèng kene katur kiyai | sokur yèn ana karsanya | (n)Jêng Kyai mring Amongragi | yèn tan ana prayoganya | amatur dadiya krami ||

41. Ing bojone§ Prayoginipun / jodhone /. lan (m)bokayu | sira dongakêna mugi | ilanga budine wangkal | sokur thukula pribadi | kang rayi matur noraga | inggih kados pundi malih ||

42. Nulya ngling mring garwanipun | myang kang rayi Rarasati | karone pada wus wêkas | yèn sira sabên kêpanggih | lan (m)bokayumu dènbisa | supaya lêjar ing kapti ||

43. Kang garwa raywa wot-santun | wus mangkana Jayèngragi | pamit kundur mundur ngetan | kalilan wus lèngsèr mijil | lan garwa myang sêlirira | Jayèngwèsthi munggah guling ||

44. Ki Jayèngraga kang kundur | rêrêp nèng paningrat jawi | lindhuk kang rayi cinandhak | lungayanira pinithing | pinidih ingaras-aras | adhuh bêgja têmên mami ||

45. Anêmu kumalaningrum | campêd sadina sawêngi | kadya tan panggih sapasar | duk mring sira masku ari | kang rayi ngêsah amiwal | mangke ta sampun pinidih ||

46. Karsane lir wong dèrèng wruh | dene anyar têmên iki | puniku wontên pun Giyah | si Sikêm lawan si Sati | dumèh-dumèh yèn pêtêngan | niku nyengoh aningali ||

47. Kang raka gumujêng nambut | kang rayi pinondhong aglis | kang rayi nut karsa raka | kundur mangetan dèn iring | ing sêlirira têtiga | Wagiyah Saikêm Sati ||

--- 5 : 138 ---

48. Kang rayi tansah rinungrum | kinuswa-kuswa samargi | wus prapta ing dalêmira | lajêng tumamèng jinêmrik | ing dalu tan winursita | mangkana wus gagat enjing ||

49. Tinabuh bêdhug dhêng Subuh | Jamal Jamil Jalalodin | Nuripin atoya kadas | nulya adan ngalik-alik | sadaya sami sunatan | myang santri lir maring masjid ||

50. Araras pujiyanipun | Amongraga asusuci | sawusnya siram akadas | nêlaskên sunat têrêtip | Jayèngwèsthi prapta kadas | wusnya ngambil toyastuti ||

51. Sunat kalih rêkangat wus | anêthêk kinèn ngamati | Nuripin sigra akamat | Amongraga angimami | nulya ngangkat pêrlunira | takbirira amatitis ||

52. Pasêkat Patekahipun | êmat kasar tan kalêmpit | myang sakathahing Patekah | pipitu kang dènkawruhi | sawuse maca Patekah | surat Sujada§ Prayoginipun / Sujadah / = sajadah. walnèki ||

53. Surat Kasar§ Prayoginipun / Kosar / = Kautsar. akiripun | bêrukut kêlawan têrtib | tumanêm kang tumaninah | suci ing tigang prakawis | suci badan suci lesan | kaping tiga suci ati ||

54. Kang suci badan liripun | salate Sèh Amongragi | lamun ngadêg sukunira | bênggange kang sêdhêng kucing | adêge kêncêng tan owah | kang kadya adêging alip ||

55. Ana rungon tan rinungu | ana tingal tan ningali | ana swara tan dènucap | anèng ganda tan ngambêti | ana rasa tan rinasa | kang tumèmpèl angganèki ||

56. Kang gumrêmêt kumalulur | kang agatêl cumalêkit | kabèh tan ana rinasa | ekraming badan tan osik | nuju ing lapal Sujadah | sunating imam nujudi ||

57. Wusing ngadêg nuli rukuk | tungkuling kang bathuk sami | sipat dhêngkul lêrêsira | palêngkuking rukuk nênggih | kadya êlam ingkang awal | iktidal adêgirèki ||

--- 5 : 139 ---

58. Abênêr la-ulanipun | lan adêge lêngên kalih | tangan mêgar marêp keblat | mulya sujud sèlèh rai | tangan papak lawan sirah | kadi êlam ingkang akir ||

59. Alungguh suku tumimpuh | tangan tumumpang ing wêntis | kadya eke lungguhira | antaraning sujud kalih | adêge kunut apêngal | sucining lesan matitis ||

60. Cêtha ing wêwacanipun | utama swarane bêcik | sucining ati kalawan | mukaranahira wêning | mêngkono salat nugraha | kawase Sèh Amongragi ||

61. (ng)Gènnira asalat Subuh | andungkap tahyat kang akir | trêtib samya tumaninah | tan kasêlan-sêlan dening | tingkah sajabaning salat | nulya salam nganan ngering ||

62. Bakda salat lajêngipun | pupujiyan langkung asri | adhikir rêmpêg arahab | wus dhikir andonga Sukril | tinumpa-tumpa utama | mrih manpangat ingkang muslim ||

63. Sawusnya pandonganipun | salawat salaman sami | uyêl samya ngalap bêrkah | marang Ki Sèh Amongragi | santri sadaya wus bubar | samya mudhun saking masjid ||

64. Sang wirya kalih kang kantun | têpakur suhul ing dhikir | tanjèh ing panaulpana | tan kalingan wus kalingling | linglung pagut kêjumbuhan | loro-loroning ngatunggal ||

65. Tan pae paesanipun | kawula kalawan Gusti | nèng sajroning kaênêngan | ênênge onêng kang êning | paworing tunggal kaanan | ana-ananing pribadi ||

66. Dènnira suhul bakda wus | pajar byar Hyang Arka mijil | lajêng wêktu tangat Loka§ Prayoginipun / Luka / = Dhuha. | akasut ing pangabêkti | Loka§ Prayoginipun / Luka / = Dhuha. ing rolas rêkangat | nêm salam sampun barêsih ||

67. Mangkana sabakdanipun | sasalaman lan kang rayi | Jayèngwèsthi aturira | kados sadalu tan guling | Amongraga lon lingira | inggih pikantuk sakêdhik ||

--- 5 : 140 ---

68. Pan alayap ing alungguh | gumujêng Ki Jayèngwèsthi | sarya ngling Nuripin sira | timbalana Jayèngragi | kang liningan sigra mentar | nulya Ni Turida prapti ||

69. Anampa dhadharan ngayun | pateyan lan wedang kopi | lèmpèng bang juwadah jênang | puthu-mayang lan surabi | ledre isèn palèrèt sat | carabikang abang putih ||

70. Lêmpêr lan sêmar-tinandhu | bakaran pisang matêng-wit | gêmblong ulam bêbakaran | dhèndhèng gêpukan sinapit | yata JèyèngragaJayèngraga. prapta | atur salam angabêkti ||

71. Nulya kang rayi tumutur | angirid rampadan asri | kang raka ngling iku apa | (m)bok-ipe kang sirairid | Nikèn Rarasati turnya | saos dhahar mumpung enjing ||

72. Kang raka gumujêng muwus | lah ladèkna marang ngarsi | Nikèn Turida agêpah | sêkul ulame rinakit | sinarêng laladènira | sêkul jajanan mawarni ||

73. Sinaosakên ing ngayun | dhadharan pinire marik | tinata kang sêkul ulam | liwêt angêt sêkul-gurih | lêmbaran lan pindhang tambra | opor bèbèk bêsngèk pitik ||

74. Myang pepesan tambra palung | bothok jambal lawan masin | pal puk abon susujènan | dhèndhèng age srundèng ragi | sambêl lethok lan lalaban | lombok kêncêng lawan pêtis ||

75. Cêrubuk kêrupuk-têrung | wus tata dènnya sêsaji | matur sampun mring kang raka | Jèngwèsthi ngaturi wijik | kêmbul ngawirya titiga | wus sira tuturuh wijik ||

76. Wus lêkas nadhah têtêlu | sami pakantuk ngabukti | Jayèngraga kokoh nadhah | kang raka anggung anglirik | sinamun dhahar ulam |Kurang satu suku kata: sinamun adhahar ulam. panadhahe Amongragi ||

77. Asêngkut ragi pikantuk | lawan sabêne kèh iki | kêpêlipun sawidara | pinidih kongsi angintip | sarwi tamban dènnya nadhah | pêmamahira aririh ||

78. Karsa mêratani lawuh | nyapisan ukur nyasuwir | yèn ulam tan mawi sêga | yèn sêkul tan mawi daging | sabên dhahar sapulukan | gutuk pit atob kikinthil ||

--- 5 : 141 ---

79. Kantun sakêpêl adangu | kinêpêl kewala nganti | nganti mring rayi kalihnya | pikantuk dènnira bukti | dhasar sadaya tan nendra | JangwèsthiJèngwèsthi. micarèng ati ||

80. Iku drêmba drêmbanipun | dene gêlêm maratani | angambil kang ulam-ulam | nyajimpit lir wong icip-icip |Lebih satu suku kata: nyajimpit lir wong cip-icip. krowaking sêkul samana | sabithining bocah bayi ||

81. Atobe bae (n)dhêrudhut | wit muluk atob ping kalih | tyasira karaos lêpat | duk kêmbul kalih kang èstri | Ki Amongraga tan rêna | mangkana osiking galih ||

82. Wasana alon umatur | sumangga ingkang dumugi | Mongraga nauri sabda | inggih yayi wus dumugi | anulya samya wijikan | ambêng linorod cinarik ||

83. Sêkul lorodan wus dinum | wêrata jalu lan èstri | Jamal Jamil tinuwukan | pan Nuripin Jalalodin | dhêdharan tinata ngarsa | wêtah pan dèrèng dinimik ||

84. Jayèngwèsthi lon umatur | sumangga punika manis | Amongraga lon lingira | atobe dadya pangarsi | inggih sangêt ing panrima | mung wedang satêngah cangkir ||

85. Jayèngwèsthi mundhut timun | watang mung sairis tipis | lah ta payo Jayèngraga | mara sunbadhe sirèki | badhe kang abot kewala | juwadah jênang surabi ||

86. Kang rayi suka gumuyu | inggih pan amung surabi | kang raka ngling jarku apa | kêna têmên dènaranni | anutug dhahar nyamikan | yata ingkang rayi kalih ||

87. Jayèngwèsthi lon umatur | mring raka Sèh AmongragaGuru lagu seharusnya: 8i, mring raka Sèh Amongragi. | paran ing ngarsakarsa. paduka | punapa nuntên apanggih | inggih kalawan (n)jêng rama | Amongraga mojar aris ||

88. Kewala dhatêng anurut | punapa kang karsa inggih | yèn èstu pinanggihêna | lan ramanta sunumiringsun umiring. | yèn kinèn kèndêl sumangga | ing rèhira sunturuti ||

89. Jayèngwèsthi lon umatur | inggih prayogi pinanggih | dhumatêng kiyai bapa | mila kang wau turmami | yèn tuwan kasora mring wang | pêsthi pun-andhêg nèng ngriki ||

--- 5 : 142 ---

90. Lan (n)jêng rama yêktinipun | mangke têmah awakmami | kasor lan tuwan atêmah | lajêng ganjar ngèlmu gaib | dadya mangke raganingwang | mring paduka wus ambalik ||

91. Pambadhe kulangge sawung | mênggah mring rama (n)jêng kyai | gumuyu Sèh Amongraga | tan anêdya awakmami | mring (n)jêng kyai amungsuha | nêdya (ng)guru yèn marêngi ||

92. Kadarmanira kang wau | marma nis prapta ing riki | wus kasêdyèng puruita | dhumatêng ramanta nênggih | ngrasèhkên ngèlmu kang nyata | gumujêng Ki Jayèngwèsthi ||

93. Sarya ris dènnira matur | katurna ngong atur uning | inggih dhatêng kangjêng rama | yatenggal dènnya lumaris | Jayèngwèsthi Jayèngraga | kêtiga santri Nuripin ||

94. Sèh Amongraga kang kantun | nahên ta ingkang lumaris | kocapa kang anèng langgar | kang lagya mumulang santri | sira Ki Bayi PanutraPanurta. | duk lênggah nèng masjid alit ||

95. Mumulang ing para putu | miwah kaponakan sami | tan wontên santri kang liyan | dene santri anggung sami | ngaji anèng masjid bêsar | ingkang mulang para kêtib ||

96. Tuwin santri agung-agung | pra samya ngrasèhkên ngèlmi | nênggih lawan kancanira | nahên ta Kiyai Bayi | lan kang garwa sami mulang | Kur'an atanapi Têpsir ||

97. Marang para anak putu | tan wontên kang alyan santri | Tambangraras tumut mulang | sinjange cawèni putih | kêmbêne gadhung walaka | rasukan sêmbagi kuning ||

98. Kalpikèng kalih amurub | samya barleyan nèng jênthik | asêngkang cêmêng kewala | barleyan panunggul sami | gumêbyar anèng wadana | kadya mêthotêna galih ||

353. Mêgatruh

1. Sêrawungan lan Kèn Raras cahyanipun | nèng wadana ling sisiring | lan sorote netra barung | kuwung rêbut paran sami | buburon aliru ênggon ||

--- 5 : 143 ---

2. Tangèh lamun rinêngga kusuma ayu | tuhu musthikaning bumi | jatmika antêng aruruh | graitèng sêmu awingit | dhasar wus limpat ing kawroh ||

3. Nanging têbih sang rêtna ningali kakung | nênggih wit dènnira saking | subrangta karêm ing ngèlmu | ngupaya kakung prayogi | ingkang wus putus ing kawroh ||

4. Lan nêngênkên sang dyah wirasating kakung | ing rapli lawan maknawi | marma nguni akèh rawuh | satriya para ngulami | sang dyah myat tan wontên condhong ||

5. Saking dening tan kalbèng wirasatipun | kang kenging dipun-gondhèli | ing awal lan akiripun | sang dyah langkung apiknèki | nging gawat tan ana wêroh ||

6. Gawatira sajroning tyas karsanipun | besuk ingsun karsa laki | manawa wontên wong kakung | gung kang ngèlmu sih ing èstri | kang tan karêm mring wong wadon ||

7. Nikèn rara yèn ningali mring wong kakung | kadya ningali wong baring | wa-ewa sukêr andulu | pangraose kadya najis | sêngit mring wong lanang dhayoh ||

8. Lamun maring sêntana myang kang wus wawuh | lir ningali rare bênthik | tan mantra-mantra salêmut | jroning sare nora ngimpi | sajêge duk maksih beyong ||

9. Kongsi mendra-mendra malah lungse sêpuh | tan ana birainèki | mung birai maring ngèlmu | bantase mring Dalil Kadis | paham ing Kur'an kinaot ||

10. Pan wus inggil sang rara pangraosipun | ngungkuli kang rayi kalih | ngaji Têpsir agung-agung | Têpsir Bahwi-baelawi | Jalalèn murat wus awroh ||

11. Lawan kitab gêng-agêng sampun kacukup§ Prayoginipun / kacakup /. | tan ana bab kang kalêmpit | ngungkuli kaum pangulu | pambudining Dalil Kadis | lapal makna murat raos ||

12. Sabobote èstri pan sampun linuhung | nanging tan kawêntar

--- 5 : 144 ---

ahli | sabab tan watak (n)dêdarus | mring kaum myang santri-santri | ukur mring kang rayi karo ||

13. Asring kandhih kang rayi ing kawruhipun | jomblahe madlul lan Dalil | Ijêmak Kiyas wus putus | nanging raosing kang galih | tyasnya kadho dèrèng manggon ||

14. Mung cêcandhang§ Prayoginipun / cêcadhang /. manawa na sinsih. Hyang Agung | pinaring guru kang yêkti | ingumpêd datan kawuwus | sangêt dènnira akunci | mung pasrah marang Hyang Manon ||

15. Nadyan ibu tuwin rama datan wêruh | nênggih kang basa puniki | ing karsane sang dyah ayu | kalangkung dènnira wingit | (ng)gyan nutupi tan mêrojol ||

16. Marma ingkang rama kêlangkung angugung | dhasar putrèstri sawiji | wasis sabarang ing kawruh | yata samana Ki Bayi | kagyat wau dènnira non ||

17. Duk praptaning kang putra kalih nèng ngayun | Jayèngraga Jayèngwèsthi | anulya sinapa gupuh | ana karyanira kalih | gati praptèng ngarsaningong ||

18. Ingkang putra tur sêmbah alon umatur | kawula atur udani | ing jawi wontên têtamu | arsa marak tuwan inggih | dalu sipêng wismaningong ||

19. Santri têbih saking Karang wismanipun | taruna langkung apêkik | jatmika wingit asêmu | cahyanya amindha sasi | ing pandugiulun kados ||

20. Dede wijiling ngalit katarèng sêmu | manis têmbunge matitis | kawistarèng tindak tanduk | mèsêm sira Kyai Bayi | myarsa ture putra karo ||

21. Yèn mangkana timbalana ngarsaningsun | pan ingsun arsa udani | warnane kang sira gunggung | lan apa ing mau ratri | wus kabrengkal ingkang kawroh ||

22. Kothonge lan anane ing isènipun | kang putra matur wot-sari | sampun kaculik ing dalu | lan amba taksih pradondi | dèrèng wontên ingkang kawon ||

--- 5 : 145 ---

23. Ulun lan ing ngrika taksih salang surup | Ki Bayi gumuyu (m)bêlik | apa tan ko(k)-culik iku |Kurang satu suku kata: apa tan kang ko(k)-culik iku. iya bangsa ingkang iki | pupungkasan kang saking ngong ||

24. Ingkang putra nêmbah aris aturipun | pan kawula bèbèr nanging | ing ngrika pan botên ayun | ingaran taksih atêbih | winastan limbang§ Prayoginipun / lambang /. kemawon ||

25. Kang akarya punika pundi (ng)gènnipun | lan malêbêt kang nèng langit | inggih pintên cacahipun | amba pan dèrèng udani | tuwan dèrèng mulang ingong ||

26. Mila amba tinakènan mingak-minguk | kang rama gumuyu malih | sarêng miyarsa turipun | wusana ngandika aris | basakêna sira karo ||

27. Têka kêgawokan basa kang puniku | sunduga dhayohirèki | gêgamane iya namung | kang binuntêl saking Kawis | kinarya mêdèni cebong ||

28. Ingkang putra kalih aris aturipun | paduka dèn-ngati-ati | mêmêdosi ingkang tamu | yèn kasor ngisin-isini | paduka pan sampun kalok ||

29. Satêmahe kasor mring santri angunthul | mindhak nawarkên kang wingking | kang rama angling gumuyu | tuturmu dhayohirèki | sadurunge ingsun wêroh ||

30. Êmbuh kasor ingong lawan unggulipun | ing tyasingong lêgawa sih | yèn unggul sun lila muruk | lamun kasor ngong minta sih | raosing tyas anêrontong ||

31. Akèh tamu kang brêngga rowa ing kawruh | tan nêdya ingsun praduli | sêmuning dhayoh rumujuk | payo timbalana aglis | manira pan arsa wêroh ||

32. Nikèn Rara Tambangraras nambung wuwus | ngandika marang kang rayi | thole dhayohira iku | têkane marene yayi | apa dhasar (m)barang obrol ||

--- 5 : 146 ---

33. Lakar§ Prayoginipun / Langar /. arsa ngayoni jêng rama iku | dupèh-dupèh santri Kawis | paran tan adol pangrungu | yèn (n)jêng rama kalok saking | ing tanah kang adoh-adoh ||

34. Liwat saking kumaki kang prapta ituiku. | kang rayi umatur aris | kakangbok sayêktosipun | botên anggunggung wakmami | sayêktinipun kakangbok ||

35. Kula kangbok mring têtamu sampun kêthur | tan kenging dipunêtohi | punika upaminipun | pun adhi kêlawan mami | sami ambênce kemawon ||

36. Sayêktose iba ta ing kathahipun | ngulama kang praptèng ngriki | pungkas dening kula sampun | tan susah kunjuk kiyai | pan punika raganingong ||

37. Ngraos kasor marmènggal ngaturi wêruh | dhatêng ing rama (ng)jêng kyai | mèsêm kang raka sang ayu | ana karasa ing ngati | myarsa ture yayi karo ||

38. Sajroning tyas baya-a ageya wêruh | paranta warnanirèki | ingkang ambêbarang ngèlmu | kang rama angatag malih | marang ingkang putra karo ||

39. Payo enggal timbalana ngarsaningsun | trêngginas kang putra kalih | tan na dangu nulya pangguh | Amongraga dèndhawuhi | ingandikan rama gupoh ||

40. Yata enggal Sèh Amongraga tut pungkur | wau ta Kiyai Bayi | maksih lênggah ngèmpèr tajug | anak putu ingkang ngaji | wus kinèn bubar gumuroh ||

41. Nikèn rara malbèng wisma lan kang ibu | ngrakit sêdhah woh lan malih | sadhiya sugatanipun | yata Amongraga prapti | ingirid kang putra karo ||

42. sarêng prapta Ki Bayi kurmat tumurun | ngurmati kang wau prapti | kasmaran tumrap ing tamu | ing solah jatmika wingit | lan cahyanipun mancorong ||

--- 5 : 147 ---

354. Asmaradana

1. Sèh Amongraga nulya glis | tur sêmbah angaras-pada | Bayi Panurta ge-age | (ng)gènnira anyandhak asta | sigra binêkta lênggah | wus tata dènnira lungguh | putra kalih jajarira ||

2. Ki Bayi rêsêp ing galih | ningali têtamunira | jatmika wingit sêmune | pan ora angumbar tingal | tumungkul dènnya lênggah | Ki Bayi awlas andulu | angartika jroning nala ||

3. Wong iki sêmune lantip | nanging tan kêtarèng netra | awadi ing pasêmone | sunwêtara ing duduga | dudu wong padarakan | pantês wijiling amêngku | solahbawane katara ||

4. Têka mangkana ing galih | dangune dènnya amawas | wusana ngandika alon | anak teja sulaksana | ujare santri Karang | apa ta Karang ing dhusun | apa Karang Kaagêngan ||

5. Tur sêmbah kang sinung angling | yêktos Karang Kaagêngan | nanging santri lit kemawon | marmamba marêg ing tuwan | sumêdya puruita | arsa angrasèhkên ngilmu | saking ing ribêtkawula ||

6. Tiyang sêpuh anilari | ing ngèlmu kasêlak pêjah | dèrèng uninga surupe | duk nèng Karang pan kawula | takèn kang wus utama | tuwin dhatêng kyai guru | manah amba dèrèng padhang ||

7. Marmamba anumpal-kèli | sowan dhatêng ing paduka | Ki Bayi (ng)guguk guyune | sarêng miyarsa turira | aris wijiling sabda | dene ing Karang ta kulup | ênggonne wong kang utama ||

8. Kawula malih wakmami | iya lamun kadugiya | kajaba tungtunan bae | pirabara yèn pun bapa | bisa amadhangêna | ing ruwêde tyasirèku | langkung saking bêgjanira ||

9. Nuwun ingkang sinung angling | Ki Bayi sigra angatak | mring santri Luci pan kinèn | amanggil ing rabinira | lan samêktaning gantyan | trêngginas ingkang ingutus | malbèng wisma wus apanggya ||

--- 5 : 148 ---

10. Lan garwa wus dèndhawuhi | mring santri Luci trêngginas | Luci ambêkta gantènne | sapraptaning masjid lênggah | anèng keringing raka | gantyanira apan sampun | sinaosakên ing ngarsa ||

11. Ki Bayi wacanèng rabi | nyai sira bagèkêna | mring anakingong akiye | sangêt arêsêp tumingal | marang atmajanira | mèh uga ingsun andulu | lawan karo anakira ||

12. Kang garwa angancarani | anak andika ngaturan | pan inggih ing sarawuhe | Mongraga nuwun turira | langkung kalinggamurda | saking sih ingkang dhumawuh | anampar ing kawlasarsa ||

13. Lir pinêthot ingkang galih | sira (m)bok Bayi Panurta | srêng miyarsa ature |Kurang satu suku kata: sarêng miyarsa ature. manahira gogolongan | kêdadak trêsnanira | ya (ng)gèn rêrasan dangu |Kurang satu suku kata: ya (ng)gèn arêrasan dangu. kocapa Kèn Tambangraras ||

14. Adangu dènnira ngintip | anèng gribiging pandhapa | kang nèng nglanggar nglela bae | katon salir solahira | yata kusuma rara | ana karasa ing kalbu | kaya wus karsaning Sukma ||

15. Yèn badhe ajatukrami | yata dyah osiking nala | dene amèncês wong kiye | pasang sêmune pasaja | bênêr riningsun samya | pangalême mring wong iku | ki dalêm kang lagi prapta ||

16. Angêntèk têmên wong iki | pirasate tan angetang | ingong têtêdha ki dhayoh | nglêgakna galihe rama | mugi rama tulusa | asihe ing dalêm iku | ingkang sêmune jatmika ||

17. Pirabarane tan ugi | ana sih ganjaraning Hyang | raganingong salawase | sakèh ingkang sami prapta | angguguyu maring wang | tyasingsun nora salugud | tan pisan niyata krama ||

18. Mung (n)dulu ki dalêm iki | gêmpal raosing wardaya | upamane raganingong | tinari pinaringêna | marang ki dalêm ika | pirabarane katèngsun | yèn purun anglakonana ||

19. Têka mangkana jro ati | sang rara angêmu waspa | dadya rongèh sasolahe | samitaneSasmitane. palaling Hyang | marang Kèn Tambangraras | jodho ngawal ngakiripun | yata kang eca pinarak ||

--- 5 : 149 ---

20. Nèng langgar yata Ki Bayi | angatak ing rabinira | nyai dene kongsi kasèp | apa nora kasugata | kang garwa aturira | inggih sadangune sampun | ngantosi kang pangandika ||

21. Bayi Panurta nganthuki | ni rubiyah sigra mentar | maring wisma ngrakit age | sawarnine kang sugata | sêkul ulam nyamikan | mawarna ulamanipun | tumrap nèng piring rampadan ||

22. Dhaharan mawarni-warni | nèng piring jêpun lancaran | samêkta nèng jodhang warèng | kang putra Kèn Tambangraras | wau tumut anata | wusnya winêdalkên gupuh | santri Luci kang ngrarampa ||

23. Kalawan santri Nuripin | sapraptaning anèng langgar | pan lajêng sinaosake | sêkul pêthak las wêtahan | nèng panjang giri pradan | jangan kluwih siptanipun | kinêla asêm pêdhêsan ||

24. Bêtutu bêsêngèk pitik | dhèndhèng gêpukan gorèngan | êmpal ragi dhèndhèng age | dhèndhèng panjèn lan sujènan | babad galêng sêrêgan | por bèbèk pès-pèsan palung | rêmpah sidhat bothok jambal ||

25. Gorèngan kathik gulathik | lidhah ati lawan limpa | brongkos lan sambêl-gorènge | sambêl-kêmiri lan kacang | tur gadhon caplok§ Prayoginipun / ceplok /. dadar | abon lan kêrupuk-têrung | lombok kêncêng pêtis banyar ||§ Prayoginipun / banjar /.

26. LalahanLalaban. kacang kêrai | terong kêcipir lan kara | kunci lêmpuyang têmu poh | wus samêkta anèng ngarsa | sira Bayi Panurta | nulya nyarakkên mring tamu | anuwun kang sinung ujar ||

27. Nulya lêkas awawanting | dhahar akêmbul wong tiga | Ki Bayi saambêng dhewe | gadhah§ Prayoginipun / nadhah /. lawan ingkang garwa | nutug dènnira dhahar | Mongraga kapêksa tuwuk | ngecani sarak mamèt tyas ||

--- 5 : 150 ---

28. Akokoh jangan sakêdhik | imbuh sêkul sakaluwak | adangu dèn onjot-onjot | tan dhahar ulam mung jangan | kewala lan lalaban | têmu poh sadangunipun | angantu dènnya luwaran ||

29. Angampêt atobe ririh | Ki Bayi micarèng nala | wong iki apa dhasare | apa gawe samudana | pasang sêmune wanda | tan duwe watak kumlungkung | gajêg watake prasaja ||

30. Nora mangan kêlah-kêlih | mung jangan kang kinokohan | kalonge sêga sapungge | kaya wus lantih nastapa | yata dènnira dhahar | wus nutug linorotlinorod. gupuh | pinaringkên panakawan ||

31. Nulya dhadharan mangarsi | pisang mas samangka jingga | jambu bang putih jruk kêprok | pêlêm salak lan rambutan | manggis kalawan duryan | kang nangka kapundhung dhuku | srikaya juwadah jênang ||

32. Kêtan-kolak lawan pipis | tuban bantalan sêmpurna | randhakèli kèci lêmèt | lêmpêr pasung tape mayang | êbrêm cucur rêngginang | mêndut lan sêmar-tinandhu | cariping tumpêng walangan ||

33. Wus tata kêbêg nèng ngarsi | Ki Bayi lon anglingira | payo anggèr saanane | supaya dadya pangusap | aywa ataha-taha | kang liningan matur nuwun | kapundhi ingkang pasihan ||

34. Ki bayi ngandika malih | marang putra kalihira | sirèku dadak lir dhayoh | amiwitana dhaharan | têpa-têpa anèng wang | yèn lagya têmbene mêtu | misih wigih duga-duga ||

35. Kang putra gupuh nyarani | sumangga punika kakang | sihipun ramanta mangke | sêdyaningsun kapasuka | lêgawèng tyas sih marma | Mongraga nor-raga muwus | pan inggih yayi sumangga ||

36. Ki Bayi gumujêng sarwi | amundhut satunggil jêram | ginêlkah§ Prayoginipun / pinelkah /. dhinahar age | nulya sami sarêng ngalap | nyamikan sasênêngira |Lebih satu suku kata: nyamikan sasênêngnya. Amongraga mundhut dhuku | satunggal thil pinalêkah ||

--- 5 : 151 ---

37. Dhinahar kalangkung ririh | anulya ki Jayèngraga | mundhut kêtan kolak kokoh | Jayèngwèsthi mèsêm mulat | ingkang rayi alatah | kang rama gumujêng muwus | punapi kang sira sabda ||

38. Umatur Ki Jayèngwèsthi | putra paduka Jèngraga | pan kenging kawula pêthèk | dènnya nadhah kêtan kolak | kang rama angandika | pan cilik mula adhimu | doyanane kêtan kolak ||

39. Tan wun dènnya mêmanuhi | nutug sêsambèn nyamikan | yata wus manjing wêktune | Lohor pan samya asalat | Ki Bayi dadya iman§ Prayoginipun / imam /. | sadayanya samya makmum | Malarsih lan putranira ||

40. Tambangraras lawan cèthi | Cênthini Sumbaling miwah | ingkang makmum sadayane | wus antara dènnya salat | paragat bakdanira | sêsalaman sadaya wus | kang makmum mudhun mangandhap ||

41. Sang wirya wangsul (ng)gyan malih | anèng surambine langgar | dharan maksih pêpak andhèr | kang kalong wus sinulaman | anyatur batal karam | myang riba sunat lan pêrlu | cêngkah§ Prayoginipun / cêgah /. pakon kang rinasan ||

42. Mangkana sadangunèki | sinambi dhahar nyamikan | andungkap wêktu Asar-e | nulya samya asêmbahyang | tan owah makmumira | ing wêktu Ngasar bakda wus | sira Ki Bayi Panurta ||

43. Mudhun saking langgar aris | sarwi alon angandika | dènpadha tanak lungguhe | sunarsa siram sadhela | putra matur nor-raga | nulya kundur mring wisma gung | Ki Bayi sawusnya siram ||

44. Nimbali garwanirèki | pinarak anèng jêrambah | sarta putranira Nikèn | Tambangraras anèng ngarsa | Ki Bayi lon lingira | kae santri kang mêrtamu | dhayohmu Ki Amongraga ||

--- 5 : 152 ---

45. Sadangune suntingali | pasang sêmune jatmika | awênês wêning sênênne | salamine ngong tamiyan | santri kang wus utama | tan kadyèki lêgawèngsun | cipta lir (ng)gyan ngong ayoga ||

46. Sukur yèn sayêkti inggih | ngèlmune wus surup ing kak | lir tuture nakmu karo | nadyan nora mangkonoa | sun calonni ngulama | Ni Malarsih lon umatur | inggih dhatêng kasinggihan ||

47. Ing sêmu samya maguti | kang putra ibu lan rama | mapan tunggil kalêthêke | kalawan tyas tan kawêdhar | andhêdhêr pan anêdha | dhaupe dhêdhayohipun | sathithik dadya dhadhakan ||

48. Têka mangkana ciptèki | Ki Bayi malih ngandika | mêngko olaha kang adèn | ulam lawan pêpanganan | nora dumèh yèn kathah | sathithik yèn sarwa luhung | dhayohmu iki utama ||

49. Kaya wijining amukti | ati-atinên kang sarwa | prayoga pasugatane | Malarsih matur sandika | mangkana wayahira | kang surya wus tunggang gunung | Ki Bayi wangsul mring langgar ||

50. Wanci manjing wêktu Mahrib | lajêng sami minggah salat | Nuripin Jamal Jamile | Jalalodin Luci samya | amêndhêt toya kadas | santri Luci kang adan wus | sadaya samya asunat ||

51. Ni rubiyah makmum sami | lan kang putra Tambangraras | ana ing gandhok masjide | lêt wrana kajang jêjêdan | kang lèr pawèstrinira | cèthi Cênthini tan kantun | Sumbaling myang pra wadonan ||

52. Cênthini tan kêna têbih | langkung karêm ing agama | marma dyah langkung gêng sihe | mring (m)bok Cênthini wit nunggal | ing budi pakarêman | tan kêna sah siyang dalu | wusnya sami kang asunat ||

53. Manjing kinèn angamati | Ki Bayi kang dadya imam | ngangkat pêrlu usalline | tibaning takbir asantak | wus usalli sadaya | pan ilhar pamaosipun | Patekah sajak Bintara ||

--- 5 : 153 ---

54. Groal-graul angimami | sawuse Patekah maca | pan surat Kulyakayu-ne§ Prayoginipun / Kul ya-ayu-ne /. | kang akir wusing Patekah | pan surat Idaja-a | dumugi ing bakdanipun | iptitah lajêng pujiyan ||

55. Wus pupuji lajêng dhikir | wus dhikir donga Rajukna | anumpa donga Sukur-e | anasib Ki Jayèngraga | swara landhung angêmbat | buntas lêga pan anglangut | kang amin-amin ya Allah ||

56. Wus bakda pêrluning Mahrib | samya sunat bakdiyatan | Ki Bayi Amongraga-ne | Jayèngwèsthi Jayèngraga | nanjèhkên sunatira | wabinêm rêkangatipun | tri salam tapakur ing Hyang ||

57. Asujud takrub ing Widi | poting Mahrib manjing Isa | kinèn angadani mangke | nulya adan yat acatan§ Prayoginipun / jat-ayatan /. | Nuripin Jamil Jamal | Jalalodin Luci pan wus | wong lilima sarêng adan ||

58. Wusnya sunat sadayèki | Ki Bayi lon anglingira | marang Amongraga kinèn | angimami pêrlu Ngisa | èh anak Amongraga | majuwa ngimami pêrlu | gênti sun makmum kewala ||

59. Amongraga nuwun ajrih | ngling aris aywa sumêlang | sun kalilani dhèwèke | wusana matur sandika | lajêng Sèh Amongraga | ngimami angangkat pêrlu | usallinira pasekat ||

60. Usalli parlanpardlu = Ar. fardlu. Ngisaki | arbanga rok-angatina | adha-an imaman kable | yatan lilahi tangala | Allahu akbar nulya | tasbih sarta wajahipun | patitis maca Patekah ||

61. Êmat kasare trampil |Kurang satu suku kata: Êmat kasare têrampil. sakathahe kinawruhan | myang sastra kandêl tipise | tetela tan musabiyat | jais wajib lajimnya | swaranira amlas-ayun | ngalêp-alêp angêmandhang ||

62. Nuju kalimah walalin | tumèmbêl kandêl êladnya | ngandhêlong landhung ulone | sêdhêng traping mukaranah | prênah gênah ing talak | sajak Yaman nganyut-anyut | ayat sawuse Patekah ||

--- 5 : 154 ---

63. Surat Jumngah awalnèki | akire wusing Patekah | surat Munapèk ayate | têrtib sarta tumaninah | karênan kang makmuman | sadaya tyase tawajuh | sukur nikmat dènnya salat ||

64. Wus antara takyat akir | asalami bakdanira | asarèh pupujiyane | nulya dhikir napi isbat | arahab mrih sapangat | ing dhikirira wus suhud | bakda dhikir maca donga ||

65. Jayèngraga kang nasibi | dhasar bêsus ahli swara | angêntul-êntul sajake | sawusnya donga sêlawat | samya asêsalaman | kumarubut sadaya wus | samya sunat bakda Ngisa ||

66. Nulya bubar kang makmumi | kantun sang para ngawirya | ngasutkên sunat wirite§ Prayoginipun / witire /. | bakda sunat trap wiritnya | isbandi satariyah | tajèh ing suhul jus junun | sira Ki Sèh Amongraga ||

67. Dènnira kasut ngantuni | dèrèng pot têpakurira | pana ing dalêm layape | liyêp marang kanyênyêtan | tanpa padha wus kumplang | pagut ing tingal panahul | pantoging tyas kajumbuhan ||

68. Tan minangka minangkani | ing napi kêlawan isbat | cèngèng linuwar ikrame | rasa-rasa yèn luwara | saking sru kawimbuhan | ing rahmat nikmating kalbu | sakbakdaning wiritira ||

69. Nulya sujud tanasari | sujud takrub anêlangsa | minta apura dosane | angiringakên§ Prayoginipun / angirigakên /. bidêngah | (ng)giwar saking maksiyat | nimpang ing tyas kang têkabur | kibir angas mring Pangeran ||

70. Tobat nasoka sru tokit | waspanya drês marawayan | kalingling kaluputane | mangkana ikraling nala | mupit maring Pangeran | linairakên jroning takrub |Lebih satu suku kata: linairkên jroning takrub. kang muga Gusti Pangeran ||

71. Kang kuwasa ajumbuhi§ Prayoginipun / anjumbuhi /. | kang latip ing kaelokan | dinohêna amba mangke | ing cipta riya sumêngah | kiparat ing sasama | ywa kasêlan ing pandulu | pêmandêng amba ing Tuwan ||

72. Mangkana sèh Amongragi | wus purna dènnira kawas | lon anjunjung wadanane | wus muyêng jaman mungayan | ya jaman [ja...]

--- 5 : 155 ---

[...man] kalumrahan | lumrah sajabaning wêktu | iya jaman saban-saban ||

73. Wus bakda Sèh Amongragi | nulya marêg anèng ngarsa | mingsêr kang rayi kalihe | wus tata dènnira lênggah | Ki Bayi angandika | mring Luci sira dèn-gupuh | manira pundhutna sêga ||

74. Mring nyaimu Ni Malarsih | kang liningan sigra mentar | pan sampun dhinawuhake | Nikèn Malarsih agêpah | anuding cèthinira | Sumbaling Cênthini gupuh | samya anampa rampadan ||

75. Ni Malarsih anèng ngarsi | sapraptanira ing langgar | kang bucu sinaosake | nèng panjang giri pêradan | rampadan piring lancaran |Lebih satu suku kata: pradan piring lancaran. langking samya pradan luhung | ulamnya tan pati kathah ||

76. Pès-pèsan tambra têngiri | bothok jambal mangut utak | bakaran angsalan klalèn | basêngèk opor kambangan | masin ayam mênjangan | ragi ponjèn êmpal duduh | dhèndhèng gêpukan gorèngan ||

77. Prit gangsir kathik gulathik | dhèndhèng age ati lidhah | srêgan limpa rêmpah gadhon | lombok kêncêng pêtis banyar | cokak kêlawan kecap | lalaban sêmangka timun | têmu poh terong lan kacang ||

78. Sêsambêlan amêpaki | Ki Bayi alon ngandika | lah payo wêwanting anggèr | nulya samya wiwijikan | Jayèngwèsthi Jayèngraga |Lebih satu suku kata: Jèngwèsthi Jayèngraga. katri Sèh Amongragèku | Ki Bayi ambêng piyambak ||

79. Dyan lêkas samya abukti | pikantuk dènnira nadhah | Jèngraga dhokoh akokoh | brongkosira anglênga |Kurang satu suku kata: barongkosira anglênga. nêmên lir buka siyam | winaratan ulamipun | Sèh Mongraga dènnya nadhah ||

80. Kêpêl sawidara bungkik | mung pikantuk nêm pulukan | pan gutuk kêpêl antobe | kantun sakêpêl angantak | -antak nganti luwarnya | Ki Bayi wruh ciptèng kalbu | gya wijik aluwaran ||Kurang satu suku kata: sigra wijik aluwaran.

81. Jayèngraga mêksih bukti | dènnya kokoh kêtanggungan | kasêsa luwaran mangke | Jayèngwèsthi mèsêm lingira |Lebih satu suku kata: Jayèngwèsthi mèsêm lingnya. (m)bok

--- 5 : 156 ---

kang alon kewala | ngêngantèni ywa kasusu | kang rayi gumujêng nabda ||

82. Paduka ngling angêntosi | ngêntosi kèndêl kewala | namung botên wijik wae | kang raka ngling jêr karosan | mênawi têlung buka | Ki Bayi gumujêng muwus | dhimu iku cilik mula ||

83. Brongkos duduh dèndoyani | dhèk cilik bêbêde ilang | dènurubkên rêmês§ Prayoginipun / ramês /. brongkos | pan sarêng gumujêngira | mèsêm Ki Amongraga | nulya sami atuturuh | ambêngira cinarikan ||

84. Pinaringakên pawingking | Jamal Jamil tinuwukan | Nuripin Jalalodine | Sumbaling Cênthini sigra | anglorodakên dhahar | wong kêkalih sarêng mundur | wangsul anampa dhadharan ||

85. Tinata Nikèn Malarsih | ingkang kalong wus sinulam | pêpak sarwa adèn-adèn | wusnya anata dhadharan | Ni Malarsih liningan | kinèn mundur ing wisma gung | nulya kundur maring wisma ||

86. Wusana wangsul aningit | lan kang putra Tambangraras | yata kang samya alungguh | sira Ki Bayi Panurta | lon wijiling wacana | murwani patakènipun | marang Ki Sèh Amongraga ||

87. Sêdhênge rêrasan ngèlmi | ing wanci asirêp jalma | anak Mongraga yêktine | ingkang dadi pêrlunira | pêpanggih lan pun bapa | lah mara wêdalna gupuh | kang dadi sumêlangira ||

88. Babing basa kang piningit | dununge ana lan ora | apan sayêkti anane | curiga manjing warangka | warangka manjing marang | ing curiga balikipun | suksma manjing maring badan ||

89. Badan manjing ing suksmèki | lan cacahe malaekat | Nabi Wali ing cacahe | apa iku anakingwong | kang dadi rubêdira | pira-barane nakingsun | yèn bisa amadhangêna ||

90. Yèngsun marang ing sirèki | Amongraga aturira | kawula nuwun pan dede | paduka wuwus punika | pan têksih basa swara | kewala pan dèrèng jumbuh | maksih kabar jakin sarak ||

--- 5 : 157 ---

91. Sarengat kabiru yakin | nganasir mungguh ing Allah | maksih rambatan Dalile | madêlul Ijêmak Kiyas | kathah jujulukira | Ma Suci Mulya Hyang Agung | Hyang Ngaluhur Hyang Wisesa ||

92. Punika pan mêksih ngèlmi | dèrèng abadan sajuga | kajêng kawula yêktine | icala nama kawula | wus roron-roron tunggal | kewala lan Hyang Agung |Kurang satu suku kata: kewala lawan Hyang Agung. punika ulun upaya ||

93. Kalamun ngêmungna singgih | punika kang tuwanucap | taksih kathah ling-alinge | dèrèng purun lan Pangeran | dadya manah taksih was | ing Kawis sampun angumbukangumbruk. | sabên wong anom mangkana ||