Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

356. Dhandhanggula

1. Langkung awlas Ki Sèh Amongragi | aningali mring Bayi Panurta | tuwin ing ari kalihe | wusana ris umatur | karsa tuwan amba umiring | nanging panuwunamba | ing tuwan pukulun | sampun (n)dhatêngakên suka | inggih dipun sagêd rumêksa ing kami | rèhning ngêmong turida ||

--- 5 : 173 ---

2. Kyai Bayi wus sagah ing jangji | apan samya turut-tinurutan | cumêplong bolong driyane | ical riringanipun | suka bungah sajroning galih | narima maring Allah | ciptèng tyas katuju | ana lêgane kang karsa | yèn tan payuntanpayun. kapriye ing solahmami | kaya tan anèng donya ||

3. Kyai Bayi Panurta ngiling aris |Lebih satu suku kata: Kyai Bayi Panurta ngling aris. marang ingkang putra kalihira | kinèn ambêkta-a age | marang ing wismanipun | apan sarya winêling-wêling | ing salir solahira | ing saturutipun | putra kalih wus atampa | nulya matur Jayèngwèsthi mring Mongragi | sumangga kundur mêdal ||

4. Ki Panurta anambungi aris | inggih prayogi yèn parêng ing tyas | mijil kundur ing wismane | ing rayinta kang sêpuh | Jayèngwèsthi nyarèhkên pikir | kawula pirêmbagan | ing tumuntênipun | Sèh Mongraga tan lênggana | wusnya pamit sêsalaman binêkta glis | mantuk mring wismanira ||

5. Yata kundur wau Kyai Bayi | praptèng wisma panggih lan kang garwa | duk lênggah lawan putrane | nulya winartan sampun | ingkang garwa salir ing nguni | kalangkung sukanira | garwa duk angrungu | ana kêdhik sêngkêling tyas | dene putra lagya ana dènkarsani | sawêg manggih sungkawa ||

6. Nikèn Tambangraras duk miyarsi | pangandikanira ingkang rama | sukèng tyas ana sêngkêle | kang dadi sukanipun | tan andimpe yèn trah priyayi | kang dadi sêkêlira | dene ngêmu wuyung | nanging dyah waspadèng tingal | nadyan silih dhumatênga lara pati | luluha wus sinêdya ||

7. Dene antuk ngulama linuwih | sêdya krama ing donya akerat | mangkana wau ciptane | dènnya lênggah tumungkul | nèng ngarsane ramanirèki | kang rama angandika | babo putraningsun | mung sira woding wardaya | bêgjanira ana kang sira karêpi | kêpalang sêkêling tyas ||

8. Nanging narimaa lamun pêsthi | palaling Hyang kang paring mring sira | nanging wêkasingsun anggèr | kang putra gya winuruk | salir ingkang wong palakrami | ondhe kang kina-kina | èstri kang wus kasub | bêbaku dèwi Patimah | sorsoranne Aklimah garwèng wong krami | kakunge ala tuwa ||

--- 5 : 174 ---

9. Pan winartan patraping mring laki | wontên malih dara Murtasiyah | mring kakung Sèh Ngarip trape | lan Joharmani iku | antêpira adarbe laki | wus pinajar sadaya | salir solahipun | kang putra sarêng miyarsa | andikane kang rama sang rara nuli | tumungkul rawat-waspa ||

10. Poma wêkasngong mring sira nini | nêm prakara tekading wanita | ingkang wus muktamad rasêh | parèstri kang linuhung | ageyongan ing nêm prakawis | tinuwajuhkên ing tyas | tan mèngèng sarambut | èstri kang dadi lêpiyan | kae mau kang suntuturkên sirèki | lire kang nêm prakara ||

11. Dhingin wêdi kapindhone asih | kaping têlu sumurup ing karsa | kaping pat angimanake | ping lima (m)bangun-turut | kaping nême labuh ing laki | lire wêdi sira ywa | wani ngrusak wuwus | kabèh sapadhane ngrusak | lire asih aja kêmba sira nini | rahabmu marang priya ||

12. Êndi kang dènkarêmi ing laki | sira mèluwa rahab kang trêsna | sabab sih tunggal wujude | nalikane kayungyun | kang sinung sih lan kang ngasihi | tan pae ing paeka | miluwa sih lulut | lire sumurup kang bisa | amèt ati ing priya kang anyondhongi | apa kang dadi cipta ||

13. Pêpanganan bubungahan tuwin | ing lêlèjêm sasmitaning priya | priya rujuke karsane | lire ngimankên iku | ngeling-eling walêring laki | tan ngilang-ilang wulang | anggugu mituhu | lire (m)bangun-turut ingkang | anglakoni sapakon-pakoning laki | ywa wangkot ing sakarsa ||

14. Abot ènthèng saèn wirang isin | kinarya la ayu ing sawiyah | -wiyah linakonan bae | lire kaping nêm labuh | tan onjodan datan mangêni | tumamèng lara pêjah | tan nilar tan kantun | toh jiwa donya akerat | aywa duwe tyas rêngkêd kang êsak sêrik | lilakna angganira ||

15. Ywa pilih ing kadadeyanèki | angandhêmi dènnya nut ing priya | tan sumêlang pamêlênge | iku rara dènemut | dalil èstri kang angramati | kang brangta maring tekad | lir tuturku mau | wong wadon kang dadi iman | ya alapên bêrkahe supaya olih | ganjaraning akrama ||

--- 5 : 175 ---

16. Bakal jodhomu iku linuwih | wahyu ngulama gung tur oliya | dhasar trah ngawirya gêdhe | lah dènbisa sutèngsun | kudu ngati-ati ing kapti | adat bangsa wibawa | kêdah sira wêruh | ngawruhi dalu lan siyang | sakarsane aywa wani mamaoni | tobata ing Pangeran ||

17. Sabab kakung wus tinitah jais | angratoni ing dyah donyèngkerat | anrapakên kukumahe | purba wisesanipun | mring wanita uwus jinais | mulane sira rara | tyasira kang sukur | dèn-gêdhe panrimanira | maring priya ingkang bêkti anggusti-gusti |§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / kang /. poma dènwêdi sira ||

18. Nikèn Tambangraras duk miyarsi | ing wuwulangira ingkang rama | lir taru katrêsnan§ Prayoginipun / kadrêsan /. dene | jawuh upaminipun | tyasnya sêmi amiminihi | ambêg kumba susila | tyas musthika luhung | tumungkul angêmu waspa | angling malih Ki Bayi mring garwanèki | rubiyah tutugêna ||

19. Awêwarah mring sutanirèki | manirarsa nimbali rinira | wèh wêruh sarta rêmbuge | kiyai nulya mêtu | angandika mring santri Luci | Luci sira undanga | kabèh dhi-adhimu | santri Luci sigra mentar | nimbali sadaya ingkang para ari | tan dangu nulya prapta ||

20. Ki Suharja lan Wiradhusthèki | Kulawirya Panukma Panamar | gêpah narka ana gawe | asaguh anèng ngayun | samya condhong karsa (n)jêng Kyai | KIKi. Bayi lon ngandika | mulane sirèku | sadaya samya ngong-undang | ngong wèh wêruh yèn pupulunanirèki | ya Nikèn Tambangraras ||

21. Ngongdudutkên bae olèh santri | santri moyang anyar saking Karang | lagi tuture maune | basa wusananipun | ngulama kas trahing amukti | aran Sèh Amongraga | wijiling ngaluhung | sira padha andongakna | yèn pinarêng maring Hyang kang Maha Luwih | jodhone pulunanta ||

--- 5 : 176 ---

22. Nikèn Tambangraras lan Mongragi | muga salamêta sihing Suksma | têtêpa dadi jodhone | ri sadaya andhêku | nêmbah matur ngaturkên puji | mugi Allah marêngna | inggih dhaupipun | para ri matur ing raka | amba datan myarsa yèn wontên têtami | sawêg sêrap punika ||

23. Ingkang raka angandika malih | apa sira durung wruh warnanya | pra ari umatur dèrèng | Kulawirya umatur | kula ingkang midhangêt warti | saking pun Carmasana | duk têmbene rawuh | nèng wismane Jayèngraga | pan kawarti santri saking Karang èdi | putra sangêt sihira ||

24. Ki Baywa ngling ya bênêr sirèki | (n)jujuge nèng wismane nakira | kang nom Mongraga praptane | mêngko kabèh sirèku | mampira wismane Jèngwèsthi | yogya padha panggiha | lan bakal alomu | para ri matur sandika | nêmbah mundur saking ngarsane Ki Bayi | mêdal mring wismanira ||

25. Kyai Bayi kundur mring wismèki | pra ri samya marang wismanira | Jayèngwèsthi ing jujuge | yata wau kapangguh | sasalaman agênti-gênti | wus tata dènnya lênggah | samya (m)bagèkkên wus | Jayèngwèsthi ris turira | pan punika paman paduka kang rayi | (n)jêng rama sami priya ||

26. Amongraga ngling inggih utami | mindhak santosa ing sarakira | pra paman myat ngungun tyase | pasang pasêmonipun | samya muji layak trah luwih | katarèng solah-bawa | cahyane sumunu | tumeja angulat-ulat | Ki Suharja wusana têtanya aris | mring Ki Sèh Amongraga ||

27. Dhuh anakmas sun tanya ing pundi | asal kamulyanipun anakmas | Sèh Mongraga lon ature | saking Karang satuhu | têbih-têbih kawula prapti | ngalap bêrkah rakanta | (n)jêng kyai kalamun | winêjang ngèlmu raos kak | Amongraga ing wadi mêksih akunci | kang paman sadayanya ||

28. Sampun sami maklum ing wawadi | wus winêngku liya kang rinasan | bab sarengat tarekate | nutug sadangunipun | dènnya samya rêrasan ngèlmi | nulya samya pamitan | mring

--- 5 : 177 ---

kang putra gupuh | ingandhêg dhahar tan arsa | mung ngong parlu papanggih rèhning tinuding | sigra sêsalaman ||§ Prayoginipun / asêsalaman /.

29. Tan cinatur solahirèng uni | nalikane ing sawiji dina | Kyai Bayi Panurta-ne | anèng pandhapanipun | lênggah lawan garwanirèki | putrane tinimbalan | tan adangu rawuh | Jayèngwèsthi Jayèngraga | anèng ngarsa Ki Bayi ngandika aris | karo padha majuwa ||

30. Payo padha pipikiran iki | saenake rinêmbug wong papat | gawene kakakngmukakangmu. kiye | dene panjalukipun | kakangira Sèh Amongragi | riringkêsan kewala | tyase maksih wuyung | lamun manira ringkêsa | priye malah§ Prayoginipun / malèh /. anak pawèstri sawiji | anandhang rara tuwa ||

31. Nganti kalangkahan kakang kalih | sira kalawan Ki Jayèngraga | yèn sunrowa kaya priye | Jayèngwèsthi umatur | pan prayogi dipunturuti | ringkêsan krana Allah | amung parlunipun | ewa punika sumangga | ing sakarsa sampeyan kula umiring | Ki Bayi angandika ||

32. Sira priye suta ngong§ Prayoginipun / sutèngong /. taruni | apa iya kaya kakangira | Ki Jayèngraga ature | mênggah ing aturulun | kadospundi lamun sinêpi | prayoganipun rowa | ing sawawratipun | ing sariringkêsanêya | kulawarga tiyang sadhusun puniki | punapa tan miyarsa-a ||Lebih satu suku kata: punapa tan miyarsa.

33. Pra santana wiwah magêrsari | sintên ingkang dipun arsa-arsa | mung (n)jêng tuwan lan liyane | lan kaping kalihipun | pan pikantuk sunat utami | Jayèngwèsthi acipta | mring rayi andulu | Jayèngraga anor tingal | ingkang raka nambungi wacana ririh | ya bênêr aturira ||

34. Nanging iku rada ninisani | karsane kyai durung winêdhar | kang ibu lon andikane | kaya bênêr adhimu | tan ngapêskên ramanirèki | yèn rinowoa pisan | pêsthi asung wêruh | marang

--- 5 : 178 ---

priyayi nagara | Kyai Bayi Panurta ngandika aris | wis padha bênêrira ||

35. Mungguh manira kang dadi pikir | sakadare iya kinurmatan | mung sakulawangsa bae | êmbuh tumpêng sabucu | rinayab ing brayat pribadi | lan wataranên pira | wong sadesa iku | Jèngraga matur ring rama | kados wontên tiyang sèwu malah luwih | kêjawi padhêkahan ||

36. Ya mung iku bae kang pinikir | kêbo salawe kirang cukupa | kajaba bèbèk ayame | wis Jayèngwèsthi gupuh | kakangira Ki Amongragi | ana-a wismanira | sira besaningsun | bêladhahên omahira | tutuwuhan kêmbar-mayang aja kari | pan iku ila-ila ||

37. Kasompokkên§ Prayoginipun / Kasompokên /. kasusu sakêdhik | iki lagi tanggal kaping sanga | besuk ping rolas têmune | pakolih sangatipun | ing Ahmad-e sore Ngasêr-i | yèku amung jagongan | sadintên sêdalu | ngarah apa riringkêsan | yèn aja kêpalang mantuku kingkin |Kurang satu suku kata: yèn ajaa kêpalang mantuku kingkin. mêsthi limalas dina ||

38. Jayèngwèsthi (n)dhêku matur inggih | nuwun sandika ing rèh paduka | darmi lumampah sapakèn | kang rama malih muwus | dene sira Ki Jayèngragi | amêmataha karya | (n)dadaka sadarum | kabèh kulawangsanira | pra-têlunên wêtuning godhong salêmpit | kabèh mangsa bodhoa ||

39. Wong dhukuhan aja na kang kari | atugura dalêm têlung dina | lan bojomu konên mrene | dadya kanthining bumu | ana kang sun pitayani |Kurang satu suku kata: ana ingkang sun pitayani. lan paman-pamanira | rèhên saliripun | dadakan kang rampung rikat | ing pakarya aywa na kurangan bukti | mangsa bodhowa sira ||

40. Jayèngraga sandika turnèki | ngling ing garwa iku anakira | bêlanjanên sacukupe | Jayèngwèsthi turipun | nuwun sampun ngantos pêparing | saking barkah paduka | kados inggih cukup | lamun samantên kewala | Jayèngraga gumuyu mring raka sarwi | sasmita pranèng basa ||

--- 5 : 179 ---

41. Prandenipun kula dènwastani | anisani karsane (n)jêng rama | paduka punika dene | mêdalkên gêdhigipun | angluhuri karsane kyai | dadya apagujêngan | Ki Bayi gumuyu | wus nora dadia ngapa | wus muliha karo nambêlèha sapi | maesa bèbèk ayam ||

42. Nêmbah matur sandika nulya mit | putra kalih lèngsèr sampun mêdal | Ki Bayi lon andikane | (m)bok rubiyah sirèku | brêsihana wismanirèki | galêthêkan singkirna | êndi kang tan patut | tatanên ingkang prayoga | sacarane mêmantês sabarang kalir | mêmajang kang murwèndah ||

43. Matur sandika nyai Malarsih | anulya nyorog pêthine giwang | mundhut arta bolèng kabèh | karsa kinèn tutuku | animbali wadon Sumbaling | sira mênyanga pasar | tutukuwa bumbu | uyah trasi brambang bawang | kacang wose ijo kaluwak kêmiri | asêm laos panjêlang ||

44. Kang sarwa kèh tutukonirèki | gula kahwa aja kukurangan | bêcike borongên kabèh | warnan pasar dènramut | mumpung pasarmu dhewe Paing | kang liningan sandika | yata kang tutuku | ambêkta rencang sadasa | sigra mentar mring pasar wadon Sumbaling | angêpak warnan pasar ||

45. Yatra tigangdasa reyal ngênting§ Prayoginipun / ênting /. | age-age ingiring rêmbatan | sigra katur bêndarane | wus jangkêp dènnya ngetung | Kyai Bayi sigra nimbali | ingkang rayi Suharja | lan Wiradhusthèku | Panukma miwah Panamar | Kulawirya sadaya prapta ing ngarsi | santri Luci tan têbah ||

46. Sira kabèh mila ngongtimbali | apa saparentahe nakira | Ki Jayèngraga kang angrèh | gawene pulunanmu | pan dadakan sadina iki | bladhahên wismanira | iya mupung esuk | banjur têtaruba pisan | si Panukma lan Panamar sunbubuhi | ana sajroning wisma ||

47. Ladènana (m)bokayunirèki | mangsa bodhowa roro sira |Kurang satu suku kata: mangsa bodhowa wong roro sira. lan bojomu sakarone | sandika kang tinuduh | angling malih

--- 5 : 180 ---

mring santri Luci | gaweya kêmbar-mayang | rong jodho kang patut | kumpulna sapa kang bisa | lan malihe mundhut tutuwuhan cêngkir | pisang têbu rêjuna ||

48. Marang para lurah santri-santri | kang liningan Luci sigra mentar | andhawuhkên pundhutane | samya ngupaya gupuh | pisang raja lan cêngkir lêgi | têbu rêjuna angsal | katur sadaya wus | pinasang anèng sasaka | sawarnine saka têtarup tan kari | sinungan tutuwuhan ||

49. Nora kongsi sabêdhug gya dadi | myang wismane Jayèngwèsthi purna | rinayap dening wong akèh | sakulawarganipun | langkung sêngkut anambut-kardi | lêlatar rinêsikan | sadaya wus rampung | Ki Bayi ibut parentah | sawusira anulya ngingon-ingoni | watara kulawangsa ||

50. Sarupane santri bocah cilik | kinumpulkên ngingonan sadaya | dènadhêpi pêpangane | suka dènnya andulu | lamun kirang dipunimbuhi | sêkul kêlawan ulam | nutuk sami tuwuk | kamituwa pra mumulang | nèng pandhapa karya sujèn sapit abing | miwah kang mupuk ulam ||

51. Kyai Bayi Panurta siniwi | nèng pandhapa pêpak nak putunya | akêmul kampuh sindure | kuluk cêmêng baludru | dhêsthar bathik Arab wus putih | nyamping kawung luwasan | kang mêntas winasuh | lênggah ing lampit dêmangan | nyandhing têpsir Jalalèn lan Baelawi | pan ngiras amumulang ||

52. Para pinisêpuh anèng ngarsi | yèn Ki Bayi amurati lapal | kang nambut-karya amine | tangane sami gathu | sèlèh sujèn myang sapit abing | atakwa ing pituwa | wuwulanging guru | yèn wus nulya nambut-karya | lamun wêktu kèndèl salat bakdanèki | nulya trap damêlira ||

53. Kyai Bayi angling maring Luci | sira kang dadi juruning pangan | aywa kakurangan kabèh | sakarêpe dèntuwuk | rijêkine Allah marêngi | mangsa sabêna dina | mêmangan anutuk | sakèhe kang nambut-karya | samya sêngkut suka rênane kapati | warêg mangan ambê[...]ta ||Satu huruf tidak dapat dibaca: ambêkta.

--- 5 : 181 ---

54. Bakda Ngasar wau Ni Malarsih | lan kang rayi Panukma Panamar | katri mantu lan ipene | sadintên gya mêmangun | anêlaskên rêrekan apik | Malarsih karsanira | nglangkungi kang uwus | rumiyin duk darbe karya | ngantos kaping kalih tan kadi puniki | (ng)gyannya mêmangun tilam ||

55. Patani gêng ing têngah tulya sri | badhe panggènan pangantyanira | kinarya putihan bae | inendah mara sêmu | sinalimut ing sarwa putih | langse caweni pêthak | (ng)galêr kunus alus | wawaton lan sakanira | tumpangsari pamidhangan sundukkili | linapis mori pêthak ||

56. Pelag lêlangitan sarwa putih | pojok saka sakawan sinungan | wiwiron lir worah-warèh | mêdhok nyêkar kêcubung | pan kinayu-apu aputih | tinon lir kêmbar-mayang | mungsêr sungsun pitu | palisir kaywapu malang | têpung gêlang sungsun katri samya putih | kêlasa batu pêthak ||

57. Tuwin kasur agêng lan guguling | kajang sirah antêban pan seta | tinundha agêng alite | lawan kêkawalipun | ing pajangan sri sarwa putih | winingkis ing canthelan | sinampiran kacu | pêthak winiru araras | karang ulu kinarang mêlok mêlathi | myang kasur sinêbaran ||

58. Jinêbadan amrik ganda minging | patani gêng inendah ing seta | tinon tuhu tanpa tandha§ Prayoginipun / tondhe /. | tinon byar putih mancur | pan sumilak asêmu wingit | nêlahi jroning wisma | sumunu dinulu | Ni Malarsih kurmatira | mring ulama pinasaja sarwa suci | carêming karasikan ||

59. Kanan kering kêkobong angapit | mubyar muncar karone kinêmbar | kang kinarya gubah cindhe | corak jêlamprang wungu | pinarada gumêbyar asri | palisir garènjèngan | tinurut kaywapu | ing sutra ijo kuning bang | sasukane sakawan pisan linapis | garènjèng lir saka mas ||

60. Kasur agêng sinamir mêndhoki | guling êncit surati loro bang | bantal antêp samya cindhe | miwah kêkawalipun | cindhe [cin...]

--- 5 : 182 ---

[...dhe] ijo sinêlan abrit | bantal sinungsun sanga | gêng alit tinurut | karang ulu pinêlokan | oncèn-oncèn anggitan gambir mêlathi | kasur sari sinêkar ||

61. Sunduk kili sinamiran kêling | limar pêlung solok pandhan surat | walulin lan palangine | kêndhaga karang sungsun | pêthi giwang kêbut angapit | kêndhi pratola§ Prayoginipun / pratala /. miwah | kaca bênggala gung | poponjèn lan parêsikan | myang bothèkan cêncandhèn pinrada asri | kêmbar-mayang ing ngarsa ||

62. Pandam sèwu roro§ Prayoginipun / rara / utawi / lara /. bonyo ngapit | gênuk sajèn sampun pinêpêkan | ila-ila sadayane | asri kêdhung-kumêndhung§ Prayoginipun / kendhung-kumêndhung /. | Ni Malarsih bungah tan sipi | suka sêngkêl sakala | karaos tyasipun | ningali rakiting tilam | jroning wisma anglir kaswargan kaèksi | mulêg ganda angambar ||

63. Ni Malarsih sumumpêl kang galih | saking kagêngên ing bungahira | tambuh raosing manahe | (m)barêbêl arawat luh | prêmbèh-prêmbèh wusana nangis | kami-sêsêgên supag | anulya tan emut | gugup Panukma Panamar | jalêr èstri Rarasati anangisi | gumrah tangis jro wisma ||

64. Kyai Bayi kagyat myarsèng tangis | gupuh dènnira lumêbèng wisma | iku ana apa kuwe | dene tangis gumrumung | Ki Panukma umatur nangis | kula (m)botên uninga | ing prakawisipun | ing sawusipun mêmajang | apan kèndêl nulya mèwèk-mèwèk nangis | lajêng niba kantaka ||

65. Kyai Bayi manthuk-manthuk angling | wis mênênga aja na karuna | bêcik sarèhêna bae | nulya sami anurut | ingkang kantu nulya anglilir | pan maksih marawayan | tan adangu emut | Ki Bayi alon lingira | kêna ngapa (ng)gènira sira tan eling | Malarsih aturira ||

--- 5 : 183 ---

66. Inggih botên wontên ingkang mawi | Ki Panurta alon wuwusira | mring Panukma Panamare | iya wruhanirèku | wus bunuhe adat wong cilik | yèn katêmbèn tuningaltumingal. | ningali kumêndhung | nora bungah malah susah | saking dening nora tau duwe apik | mulane kênèng lara ||

67. Ukur akèh thithik amadhidhig | kêbungahên têmahane susah | seje pancène wong gêdhe | gadhah angundhung-undhung | pangrasanya maksih sathithik | iku lagi wadhagan | bae ing wuwusku | dene dalane agama | yèn ujare sarak iku pan sinirik | tan kêna kinarêman ||

68. Lamun mungguh sira lawan mami | nora kêna kulina ing donya | wus angganthêng wêwalêre | tan kêna mamak-mumuk | yèn kêprècèt murungkên dadi | angloro ing Pangeran | akerate bukung | cunthêl lir ganjarannira | apan beda lan kang tinitah prajurit | tan kêna kukurangan ||

69. Ki Panukma Panamar samya jrih | kaluhuran sabdane kang raka | tumungkul (m)brêbês waspane | sangêt kraos tyasipun | Ki Panurta muwus mring rabi | iya Malarsih sira | dèn-narimèng wuruk | aywa pêgat dhikirira | lan istigpar salawat atasing Nabi | têpakur kang santosa ||

70. Ni Malarsih tumungkul langkung jrih | amituhu wuwulanging raka | suka sukur ing kalbune | winêjahwinêjang. wus tuwajuh | wuwuh tajêm anjatmikani | sawusira mangkana | Ki Bayi amuwus | wis padha atrapa karya | ingkang rayi sadaya anyandhak kardi | Ki Bayi nèng pandhapa ||

71. Wanci Ngasar akir Kyai Bayi | kinèn kèndêl ingkang nambutkarya | dhawuh mring santri Luci-ne | kinèn amundhut sêkul | angingoni kang nambut-kardi | watara kulawarga | tan ana kang kantun | jalwèstri apantha-pantha | pan authi santri Luci angidêri | ngimbuhi sêkul ulam ||

72. Wus luwaran dènnya samya bukti | tuwuk sakèhe tan ana kirang | sadaya pan mènthèh-mènthèh | surya wus tunggang gunung | samya ngangkat wêktu Mahribi | santri nabuh kênthongan | goprake kumrusuk | pra santri kathah anjêprah | sami [sa...]

--- 5 : 184 ---

[...mi] gupuh lumajêng pating tharêklik | prak-prakan abarungan ||

73. Amèt banyu wulu ting kacuwik | kêrabyukan lir bendrong grahana | saking kathahing santrine | salêmprotan kêkêmu | kang wus wulu manjing ing masjid | andonga yat-ayatan | nulya adan barung | swara sora rum arampak | wusnya innalaha wa malaikati | lajêng sadaya sunat ||

74. Sawusira sunat samya muji | Jayèngraga kang dadi mubalah | alêlagon istigpare | swara ubyug gumrumung | umyang arum rêmpêg kapyarsi | kang cilik kang sêdhêngan | kang agêng ambarung | ngêlik andul-andul padha | tumalawong tan ana barênjul siji | dalah êmèle rampak ||

75. Astagpirulah halngalim min kulli |Lebih satu suku kata: Astagprulah halngalim min kulli. danbin ngalim lakpir ayuman |§ Prayoginipun / la yakpir /. ila rabilngalamine | barung arum aruntut | gumarênggêng asri amanis | wus manjing nulya kamat | ngangkat parlunipun | (n)Jêng Kyai Bayi Panurta | nulya majêng karsa ngimami pra santri | tangawut lajêng niyat ||

76. Wusnya usali praptaning têkbir | lajêng tasbih nulya maca wajah | Patekah mukaranahe | tamat Patekahipun | surat Waluka§ Surat: Adh Dhuhaa. awalnèki | akire Alamnasrah§ Surat: Alam Nasyrah. | nuli tahyat lungguh | awal praptèng akir tahyat | nulya mawa sêlawat atasing Nabi | miwah ing kulawarga ||

77. Nulya salaman ing awal akir | wusnya bakda amaca ibtitah | lajêng pupujiyan akèh | swaranira gumrumung | wus pujiyan anulya dhikir | rêmpêg ambata-rêbah | swara sru gumuntur | wus atusan antaranya | bakda dhikir andodonga ing Hyang Widi | rahab donga tinumpa ||

78. Jayèngraga rahab dènnya nasib | swara muluk mêmêt mêmbat-mêmbat | sinauran amin kabèh | ramya asru gumuruh | wus pêragat ing wêktunèki | prapta ing bakda Ngisa | sêsalaman [sêsa...]

--- 5 : 185 ---

[...laman] sampun | lan santri kathah sêlawat | nuli kundur Ki Bayi saking ing masjid | ingiring santri kathah ||

79. Yata ingkang nèng wismanirèki | Jayèngwèsthi Ki Sèh Amongraga | Jayèngraga duk praptane | saking masjid pan laju | nèng ngarsane kang raka kalih | sawusnya sêsalaman | tata dènnya lungguh | kang anèng ing ngarsanira | ingkang paman Suharja Wiradhusthèki | kalawan Kulawirya ||

80. Ki Nuripin kinarsan nèng ngarsi | Jamal Jamil anèng ngandhap têbah | dene pra lurah pasantrèn | bagus Yahya gus Dawud | Amad Asra bagus Arpani | Janodin Jayaniman | Jalalèn gus Yusup | miwah para bêkêl desa | Wiratruna Jatruna lan Surakrêti | Sadangsa Jayayuda ||

81. Sêpuh anèm kapang nèng pandhapi | lan santri kang dadi kasinoman | miwah kang anambut-gawe | mung sawêtaranipun | datan kusung-kusung ing kardi | mapan datan linilan | rêkasaning bau | mangkana Sèh Amongraga | anèng dalêm kalawan kang rayi kalih | kalawan para paman ||

82. Sasaosan dhêdharan mawarni | wedang êtèh lawan mêmanisan | rinampat nèng ngarsa andhèr | wedang bubuk tan kantun | gula arèn lan roti kêring | Amongraga tan patya | dhêdharan anginum | ukur wedang sacêcêpan | tanpa gêndhis mung angsal satêngah cangkir | kinurêpakên ing cawan ||Lebih satu suku kata: kinurêpkên ing cawan.

83. Angandika mring kang rayi kalih | yayi Yayèngwèsthi Jayèngraga | mênggah ing tekat kang angèl | kalih prakawis nêngguh | apan kadiriyah§ Prayoginipun / kadariyah /. kang dhingin | lawan kajabariyah | puniku yèn mungguh | binudi para ngulama | dèrèng wontên kang rikat angrarampungi | saking angèling murad ||

84. Lamun kadariyah tekadnèki | apan kapir ngindallah punika | yèn kajabariyah dene | kapir ngindanas tuhu | datan kenging lamun pinilih | salah satunggilira | pêsthinipun kupur | yèn pinèt sadaya kopar | lamun nampik kalih pisan pêsthi kapir | tan kenging ginagampang ||

--- 5 : 186 ---

85. Kajawi kang sampun ahli suni | lah punika kang sampun sampurna | kang wus tan ana cacade | puniku ugêripun | ing agêsang kêdah ambudi | tekade kang santosa | ywa nganti kêsandhung | yèn têkiyur kêkandhangan | datan wurung anarik apêsing budi | badan anut kewala ||

86. Gampil yayi sêmbahyang angaji | sawab wontên lanjarane kitab | tan wontên ngèlmu kang angèl | anamung tekad nêngguh | lamun sisip ambilaèni | tekad dadya pratandha | awon pênêdipun | wande siyos saking tekad | ingkang dados lêbêt-lêbêting ngaurip | saking tekad piyambak ||

87. Wiwinihe tekad saking budi | nyataning budi katarèng tekad | yèn sampun jomblah tekade | kêlawan budinipun | (ng)gih punika yayi kang kusni | kang rayi kalihira | tumungkul madhukuh§ Prayoginipun / mabukuh /. | nuhun-nuhun aturira | datan purun anglawani aturnèki | pan kaluhuran sabda ||

88. Sangêt kontragira ingkang galih | Jayèngwèsthi lawan Jayèngraga | myat ingkang raka wingite | dadya tumut mangun kung | datan kolu wedang sacangkir | miwah kang paman-paman | dhêdharan kur-ukur | tan kaur ngraoskên tekad | têpangipun murade kadariyahi | lawan kajabariyah ||

89. Amongraga sêmune awingit | angandika mring ari kalihnya | kadipundi ing karsane | kyai kalawan ibu | dènnya nambut karya nglangkungi | mêmantu rowan-rowan | tingale agupruk | dene kula wus prasambat | nuwun riringkêsan kemawon utami | pasaja karana Lah ||

90. Sasat sagêd nimpêni ing mami | inggih ta lah de botên kadosa | kyai lan ibu karsane | Jayèngwèsthi umatur | inggih kula sampun ngaturi | aywa ngantos rinowa | dede parêngipun | nanging ibu jêngandika | ingkang adrêng kêdah kurmat sawatawis | bêrkate wong puputra ||

91. Ciptanipun putrèstri satunggil | inggih botên niyat rowan-rowan | rampunga sêkul salèmpèr | namung niyat majêmuk | lawan [la...]

--- 5 : 187 ---

[...wan] brayatipun pribadi | inggih sakulawarga | mung tiyang sadhusun | datan ngaturi uninga | ing priyayi nagari saking satunggil | piyambakan kewala ||

92. Mugi dènapuntêna pun bibi | kamipurunipun apêpeka | saking sangêtipun sihe | inggih dhatêng (m)bokayu | mila mugi tuwan alimi | Amongraga ngandika | sumangga ing kayun | sinampun dhahar juwadah | mung sacuwil ginalintir kang ginigit | dangu panggilutira ||

93. Sarwi ngancarani mring kang rayi | yayi suwawi sami dhaharan | kang rayi nanduki age | dhahar nyamikan sampun | linorodkên mring Jamal Jamil | agêpah dènnya nadhah | wong roro athêkul | yata kang sami jagongan | nèng dalême Kyai Bayi Panurta ngling | sakèhe kulawangsa ||

94. Ing latri lagya midadarèni | pan pêpakan kulawarganira | miwah pra lurah santrine | Ki Bayi dènnya lungguh | pinggir kang lèr têngah (ng)gènnèki | anyamping godhong jarak§ Namaning bathikan. | kêmul kampuh sindur | dhêstharira mori pêthak | kuluk cêmêng luwas sadaya arêsik | lênggah lante dêmangan ||

95. Sasaosan dhêdharan mawarni | ingkang cêlak dènnira alênggah | ri kalih kanan keringe | Panamar Panukmèku | myang pangulu Ki Basarodin | Talabodin kalawan | Nursukidin wau | murid Jaki Pranaita | santri Luci Jumêna lan Ki Sêmbagi | prênah paman lan uwa ||

96. Pan tinata lulungguhanèki | ingkang têngên lan sêpuh nèmira | akapang têpung lungguhe | Amadiman sumambung | Amadolah lan Amadtahir | kêlawan Amadbadar | miwah Amadarum | bagus Imran bagus Ilyas | gus Suhada Murtaja bagus Nawawi | Janawi lan gus Nurya ||

97. Gus Nuryani Nurjani Jumjani | gus Tabrani Jaelani miwah | Ngabdul-sudur Dul-sukur-e | Ngabdul-tamsur Dul-gapur | Duljuwahir Ngabdul-Ngajujir | nulya pêtinggi desa | samya bêkêl têpung | Wrêgaita Wrêgatruna | Wrêganaya Kêrtayasa Wangsakêrti | Kêrtinala pak Sawa ||

--- 5 : 188 ---

98. Pak Banikêm pak Sungkêm pak Kêmis | pak Rajiyah pak Kêdah pak Susah | pêpakan sadaya andhèr | bêkêl kewala ngayun | pan kajawi bêkêl pawingking | samya (n)jagani karya | acakut aguyub | myang santrine masjid kathah | samya (n)darus Kur'an kitab lan tajuwid | myang usul nahwu sarap ||

99. Langkung rêma pêpacitanèki | wedang kopi wowohan gorèngan | balêbah pangan santri kèh | tan kirang malah langkung | yata ingkang anèng pêndhapi | Kyai Bayi Panurta | tinarap nak putu | katonton wibawanira | Ki Panurta wong sadesa mule sami | nadyan liyan amanca ||

100. Langkung asri langêning pandhapi | linangse pêthak sêdayanira | pyan lawon lan sasukane | amrik pandam akurung | pan daluwang banyu rinujit | kinêmbang samya dluwang | ijo lawan biru | damar-damar ting paluncar | miwah salêbêting wisma anêlahi | mubyar tan ana memba ||

101. Samya gawok sakèh kang ningali | pan katêmbèn ing desa tan ana | kabèh jomblong pandulune | kang jagong samya muwus | lan rowange caturan ririh | (n)Jêng Kyai nora jamak | karyèram pandulu | aku wruh ing kana-kana | pra priyayi mantu tan kadi puniki | rakiting pêpajangan ||

102. Ki Sêmbagi rêrasan aririh | ting kêranthuk lawan Ki Jumêna | ragi awadi anthuke | Ki Bayi lon amuwus | lan punapa uwa Sêmbagi | ingkang dipunwicara | awadi dinulu | kalawan paman Jumêna | Ki Sêmbagi nauri wacana aris | inggih bab pasatuwan ||

103. Kyai Bayi gupuh ngandikani | de punika rêrasan têmênan | lah uwa nèh tutugake | ngong kasupèn kêlamun | uwa sagêd amêmetangi | pasatuwan wong krama | awon pênêdipun | dènmariki uwa paman | cêcêlakan tunggil lan putrane kalih | pun Panukma Panamar ||

104. Ki Sêmbagi Jumêna mangarsi | wus anunggil Panukma Panamar | Ki Baywa lon patakone | wayahdalêm puniku | Tambangraras lan Amongragi | kados pundi punapa | pênêde puniku |

--- 5 : 189 ---

Ki Sêmbagi lon wuwusnya | ngèlmu Buda beda lan sarak utami | Ki Bayi lon ngandika ||

105. Wus la-ilanya wong laki rabi | kêdah anggunêm ing pasatuwan | Ki Sêmbagi wangsulane | inggih sumanggèng kayun | kang kapanggih petanganmami | èstri nêptu tridasa | langkunge têtêlu | kang jalu nêptu tridasa | langkung wolu gunggunge pitungdasa ji | ingêcèr§ Prayoginipun / ingècèr /. picis kênthang ||

106. Crèk-crèk krukup crik andhok dhawah sri | sinanèskên kang kari ngècèran | crik andhok dhawah sri manèh | winor lan kang sri wau | sakantunne dipunècèri | crèk andhok tiba lara | sinèjèkkên gupuh | crèk andhok dhawah ing lênggah | satêlase crik andhok dhawah sri malih | wêtan dhanyange gangsal ||

107. Ambêgènggèng Ki Sumbagi angling | ih sae têmên ècèrannira | pangantèn agêng bêgjane | Kyai Bayi gumuyu | amaca Alkamdulilahi | atanya dêrahira | Ki Sêmbagi muwus | dhanyang gangsal (ng)gih punika | wiwit èstri lungguh gêdhong lara pati | etang anut ing dhanyang ||

108. Ki Panurta ngling punapa malih | kang uwa jar mêksih wontên ramal | kala-mudhêngipun dèrèng | pan sami kêkahipun | nêptuning kang sastra winilis | aksara kalih dasa | pan pinara têlu | sastrane saduman sapta | ha[...] ra[...] ta[...] la[...] ja[...] ma[...] tha[...] nêptunya niji |Dalam tanda kurung berisi huruf Jawa. rong duman sastra sapta ||

109. Na[...] ka[...] sa[...] pa[...] ya[...] ga[...] nga[...] nêptu dwi | kang têlung duman nênêm sastranya | ca[...] tha[...] wa[...] da[...]Huruf Jawanya dha. nya[...] ba[...] dene | nêptunipun anêlu | pan ingetang jalu lan èstri | binucal tiga-tiga | pintên kantunnipun | yèn kantun tiga palastra | lamun kantun kêkalih punika sakit | kantun siji utama ||

110. Putradalêm punika prayogi | wiwitane wêkasane susah | pisah lan yayah-rênane | wikana pisahipun | enggal lawas pati lan urip | têmtu ujaring ramal | kala-mudhêngipun | ewa punika sumangga |

--- 5 : 190 ---

tabit Buda manawi cêgah ing ngèlmi | amawi pasatuwan ||

111. Kyai Bayi angling mring Sêmbagi | langkung kathah ngèlmuning Pangeran | tan sagêd anacahake | uwa yèn bab puniku | yèn tilarên tan mêlarati | nging Ki Bayi Panurta | manahe sumênut | Ki Pangulu datan rêmbag | ngèlmu kala-mudhênge Kyai Sêmbagi | myang santri kathah-kathah ||

112. Ki Panurta ngling mring santri Luci | sira undangên si Kulawirya | kang liningan mentar age | tan dangu nulya rawuh | prapta ngarsanira Ki Bayi | kang raka angandika | bêcik padha catur§ Main catur. | lan kakangmu Ki Panamar | totohana wêdhus lêmu lan kèbiri | kang rayi tur sandika ||

113. Ki Panamar amuwus mring ari | priye jangjine sira lan ingwang | mungguh totohane kuwe | manuta ing matipun | êmat pidak kalawan êtir | mat mantri jaran gajah | kacèk bayaripun | yèn mat mantri pidak gajah | apan wêdhus lêmu bayaranirèki | yèn mat êtir jaranan ||

114. Sak sukane pan ayam kêbiri | Kulawirya anauri sagah | nulya pinasang cature | Panamar gêlaripun | kawal supit-urang miranti | Kulawirya glarira | êtire tinumpuk | kukuh kawal kakanthètan | lêkas maju sag sêg pidak mrih pêpati | ngungkih angkah-ingangkah ||

115. Ki Panamar langkung ngati-ati | nanging pidake kathah kang rusak | rada katimpah lampahe | akêcap manthuk-manthuk | dangu pikir lampahing ngêtir | Kulawirya angatag | swawi kadangon wus | nulya nglampahakên jaran | pan kasupèn tinggal kawal mangan mantri | jaran pinangan gajah ||

116. Dadya gulêd sadhengaha lali | pangan-pinangan gêsah-ginêsah | Ki Bayi la-ilu bae | anggêsah-gêsah tumut | ngalor ngidul mèlu (ng)gêsahi | rubungan para tuwa | suka samya (n)dulu | kang timpuh wênèh siduwa | ana ingkang ngêlus-êlus jenggodnèki | kang cêcathut anglangak ||

--- 5 : 191 ---

117. Ki Bayi ngling hèh Wirya dènaglis | lakokêna jaranmu anggusah | sigra ginubah ratune | kenging dènrok tiripun | tumut (ng)gusah Kiyai Bayi | Kulawirya asuka | sah-sah ès-ès suh-suh | angalênggêr Ki Panamar | kukur-kukur kerogan tyasira sêdhih | gatêlên jenggodira ||

118. Kulawirya kêkêl anyukikik | ratu mingsêd tir pinangan jaran | gya tire kinênthêngake | sarwi alon mêrkungkung | tuding-tuding tangan kumitir | dènmatna tir wus êmat | nanging datan ayun | ingangkah êmat kapidak | Ki Panamar ngulat-ngulèt priye iki | angosog dènnya lampah ||

119. Sakarine rinampêtkên aglis | tinadhahan ing kawal kanthètan | dadya tumpês sadayane | kari gajah angacung | Kulawirya saya angikik | dhasar watak manthêlang | mangka olèh buru | tan ering mring kakangira | anjêgènggèng ngisin-isin bakal iki | anuntun wêdhus domba ||

120. Dhasar jambul kabênêran kêndhit | berok lêmu gimblah jenggodira | jalamprah kaya jenggode | Basarodin blêglugu | ki pangulu ambêkuh ih ih | (n)dadak nggarap wong tuwa | Ki Bayi gumuyu | Ki Panamar rada duka | ih wong nganom anèng ngarsane kiyai | polahe cêlangkrakan ||

121. Kulawirya saya bilik-bilik | cukakakan Panamar ngling nyêntak | lah wis ta êmatna age | Kulawirya gumuyu | êmat pidak sapapan uwis | Panamar asok menda | garundêlan muwus | bênêr kang ngarani karam | wong botohan nora patut dènparduli | bêcik padha cinêgah ||

122. Kyai Bayi Panurta ngling aris | mring kang rayi Panukma Panamar | katri mring Basarodine | mungguh ing dina sesuk | wayah apa sangatirèki | Amate§ Petangan "Saat Nabi". ing paningkah | Ki Pangulu matur | punika tanggal ping rolas | lêrêsipun enjinge wit Jabarail | Ahmate wêktu Ngasar ||

123. Wayah wisandamêl Yurup-nèki§ Petangan "Saat Nabi". | pan sumangga pundi kang kinarsan | Ki Bayi lon andikane | utama Ahmatipun | ningkah Ngasar sorene panggih | bêbanjuran kewala | dhasar karsanipun |

--- 5 : 192 ---

nora kaya wong maksiyat | nganggo ngarak ramèn-ramèn tan marêngi | karsane Amongraga ||

124. Samene kiye wus anglojoki | malah sunduga tan pati rêna | karsane ringkêsan bae | iki saking nyaimu | bêrkating wong asih ing siwi | pinalangan tan kêna | kudu kusung-kusung | kusunge tan rowan-rowan | yèn rowa-a pêsthi nyuruhi priyayi | amung niyat sidhêkah ||

125. Mangan krasa pêdhês asin thithik | sêkul sêlayah kêdah pinrutah | nak putu kulawangsane | satêngah kaya kaul | dupèh anak kari sawiji | manahe ge luwara | mulane abikut | manira sêmada wêlas | apan mèlu karasa ing ati mami | sutrèstri mung sajuga ||

126. Pan tumungkul ingkang rayi kalih | myang Ki Basarodin aturira | inggih kadospundi malèh | tyaspaduka dènsukur | suka rêna ing lair batin | mapan sampun jaragan | samya nêdha tuwuk | sampun mawi susah-susah | mokal supe wal ngamalun kajiratin | bikakekati iman ||

127. Pan gumujêng wau Kyai Bayi | iya bênêr cêcaturing kitab | sidhêkah gêdhe pedahe | ya bangêt tarimaku | angandika mring santri Luci | sira mundhuta trêbang | siji bae gupuh | Luci sigra mundhut trêbang | sinaoskên ing ngarsa Kiyai Bayi | trêbang nulya sinêntak ||

128. Kyai Bayi angandika aris | payo padha trêbangan dhèwèkan | Ki Panukma Panamare | katêlu ki pangulu | kapat Luci kalima Jaki | nênême Pranaita | kapitune aku | samya suka kang liningan | adan lêkas ginêmbrang trêbangirèki | anulya lêkas bawa ||

129. Singir Jawa sajak Bintarèki | ngêlik alot erak-erak sêrak | pating karêkêl ulonne | brêkat guru asêmu | lêlagone pan angunani | gadhuwul mêmbal-mêmbal | lulungsuran bêsus | saurane ya hu-Allah | tabaraka Allahu robilngalamin | bakina wa-aba-da ||

130. Panrêbange kathah kêmpyangnèki | gêmbrungira nibani irama | dèningêr-ingêr trêbange | pong pêg pyak tong ting brèng

--- 5 : 193 ---

brung | nulya nyandhak singir angêlik | Jaki Luci asênggak | kêploke agupruk | lapale singir tanakal | tubi asla biarbabi saodadi | kadasamsu pilibra ||

131. Jiha tatana kalu kang singir | nulya sêlawat maca ruwiya | kèndêl samya asêsambèn | rare gumêdêr amyung§ Prayoginipun / umyung /. | tantangan toh pating jarêlih | thak-thèk sami panggalan | Ki Baywa ngling hus hus | bocah padha kênèng tolah | sok sinau malang jati bolong benjing | jamak ngaji sêmbahyang ||

132. Dinukanan sadaya pan ajrih | samya bubar ngalih (ng)gon kewala | rubungan panggalan malèh | kyai duka anêbut | nyandhak wilah Jaki lan Luci | kang rare sinabêtan | bubar byur lumayu | Ki Jaki nêmu wong tuwa | ginitikan ngudubilah dene iki | ana benggole kawak ||

133. Kyai Bayi duka sarwi paring | bêbêt putih wus kinèn kapoka | yata kang nèng jro wismane | Ni Malarsih alungguh | lan ipenira kakalih |Kurang satu suku kata: lawan ipenira kêkalih. Sumbaling datan têbah | angladèni ngayun | angayap parèstri kathah | sami cuki wênèh keyo ting karipyik | dhakon samya paguywan ||

134. Pawèstri kang anèng masjid alit | samya dhikir lêlagon barungan | cumlêring rêmpêg ungêle | swara anganyut-anyut | amêwahi asrining wêngi | sadalu datan kêndhat | salin-salin lagu | ing masjid agêng trêbangan | santri kathah samya sêlawatan dhikir | maulut langkung rahab ||

135. Santri Luci bikut angladèni | wedang panganan rampadan muncar | wus pinetang sapatute | rinampat ingkang mungguh | angalihi wênèh nigani | kang ingancak kewala | nigani sadarum | pêpak warnining panganan | lah-olahan woh-wohan sadaya sami | kaot piring lan ancak ||

136. Myang wedang tèh manisan nèng bèri | wedang kahwa manisan nèng dhulang | lan rokok jambe suruhe | gembol wêr ingkang mungguh | rokok dawa miwah tapsirih | bokor myang panjang-ilang | wênèh kang winungkus | waradin sadayanira |

--- 5 : 194 ---

kang jagongan ing mandhapa lan ing masjid | miwah kang nambut-karya ||

137. Tuwin kang anèng wisma pra èstri | datan prabeda samya rinampad | ingkang jagongan arame | mêmangan ting kariyuk | ting karêcap myang sêgu wahing | wênèh kandha-kinandha | tuture agupruk | dagang maring Surapringga | prau momotan jaran kèsèr lan sapi | paraning papasaran ||

138. Jor-jinoran tutur olih bathi | ingkang gèthèk bathine gethokan | lumur§ Prayoginipun / lumuh /. sor nutur untunge | kang tanèn nutur tulus | anguyangkên nêmpur lèh bathi | tandho atundha-tundha | tandha tandhing untung | panêgar balantik jaran | tutur tuku bêlo satêngah dadi |§ Prayoginipun / bêlo sanga têngah dadi /. payu sawidak lima ||

139. Ingkang alul anglampahkên dhuwit | yèn anggadhe motangkên sareyal | suwang sigar uyahane | yèn sapuluh rongpuluh | sareyale suku sêsasi | tutur gawe curiga | sakandêlanipun | mas ginadhe rolas reyal | wus bur dinol payu pitung puluh anggris | kêris thok tan kandêlan ||

140. Nora liyan kang kinandha sami | para sudagar tani panêgar | anèng ngon-ingon kandhane | jago gêmak brêkutut | bèbèk banyak pitik gulathik | êmprit pêthèkanira | kang payu nêm suku | samya catur kang turangga | apêpanthan sagolongane pribadi | dhalang kandha angruwat ||

141. Angêtèprês bêbanyolan ringgit | tangan suraweyan kang minangka | Sêmar Petruk Nalagarèng | sêmbada cucutipun | Widiguna lucu kêpati | ginaguyu gêr-gêran | kang linggih angêlun | ngalèh ngrubung Widiguna | samya kêkêl cukakakan hih hih hih hih | huh huh huh hah hah hah hah ||

142. Nora pijêr amêmangan sami | rare rubyung myang kang nambut-karya | kèh salong tinggal gawene | kasinoman arubung | ting cukikik mijêti ati | ngangsu unjal-ambêgan | gêr ambata rubuh | kasor kang para carita | Kyai Bayi pan gumujêng anggaligik | andêlna Widiguna ||

--- 5 : 195 ---

143. Yata wus dalu bêdhug dhêng muni | santri Luci angladèkkên dhahar | ngabani kasinomane | nampa rampadanipun | miwah ancak gotong-pat sami | panganan dinum samya | sabageyanipun | kinêroso tapak-dara | nulya sêkul ulam majêng maring ngarsi | ingetang ambêng tata ||

144. Rampadan kang ngalihi nigani | ambêng ancak nyêdasani samya | nyêlawèni santri rare | kang jangan bècèk wêdhus | ajang takir gêdêbog sami | sawusira warata | Ki Bayi amuwus | suwawi sami wijikan | nulya samya tuturuh sadaya sami | wanting angumbah tangan ||

145. Adan lêkas nadhah ting karêcip | kriyak-kriyuk amangan seropan | ingkang mangan kèh swarane | Widiguna nglingnya rum | engak ganggang bèbèk agurih | gêr ginuyu ing kathah | kang kasêlak huk-huk | angguguyu Widiguna | mring dènnya mangan enak sadayèki |Kurang satu suku kata: mring dènnya amangan enak sadayèki. ambêng dinum binêrkat ||

146. Wus warata kang bagi-binagi | sami kinêroso tapak-dara | sinandhing tan ana mulèh | lajêng natas sadalu | samya kandha kinandha malih | kang macanan wong-wongan | lan dham-dhaman catur | wênèh ngantuk arenggotan | kang nyênyambi mangan brêkate pribadi | kang udut nocoh kinang ||

147. Ting kalêmpor amyang ting parêlik | Ki Bayi sês kêlukuk bênggala | kang udut nipah lan wangèn | Widiguna audud | patang gelang tike lininting | Kyai Bayi ngandika | ngong mambu alangu | langu lir kukusing madad | ingkang sami cêlak matur (n)jêng kiyai | inggih pun Widiguna ||

148. Tike sagêgêm kang dipunlinting | Widiguna nauri ya ta lah | kabèh padha ngrubuhake | ginuyu ing sadarum | Ki Baywa ngling kadèkna sangit | madad lininting klaras | langu ngaluk-aluk | Widiguna anggêlungsar | kêkadhalan majêng nêmbah bari ngagir | mring Ki Bayi Panurta ||

149. Kulanuwun kamipurun kêdhik | dalêm paringi mindho sakêdhap | kados punapa raose | êsês dalêm (ng)galuguk | (ng)gih apuntên dalêm kang mugi | dalêm lilani kêdhap | Ki Bayi gumuyu | cêblung dhalang cêlangkrakan | njaluk mindho kêlukuknya [kêlu...]

--- 5 : 196 ---

[...kuknya] ênya iki | ududa klukukingwang ||

150. Dimarene majuwa sathithik | Widiguna pinulir irungnya | irungmu iki kagêdhèn | andêlole ambêngkuk | bok êlongên pêthèl bèn cilik | Widiguna anjola | gumuyu dhuh biyung | irunge dènusap-usap | irungkula punika kularêmêni | awon-awon (m)botêna ||

151. Sampun bêktane duk wingi uni | pinulir ngantèk abang bêranang | gêr ginuyu ing wong akèh | kyai gumujêng (ng)guguk | pênyanaku awèh dènlongi | matur dede pabênan | sangsaya ginuyu | Ki Bayi mundhut rasukan | sêmbagi bang lan ikêt jingga pinaring | -akên Ki Widiguna ||

152. Kulambiku jobah (ng)gonên iki | barjumungah de ikête jingga | yèn tinanggap (ng)gonên mèrèt | Ki Guna nêmbah nuwun | nuwun inggih inggih kapundhi | sinunggi linggèh bêksa | klak kluk pacak-gulu | udud kalukuk kasêlak | huk huk sarwi matur dalêm pulir malih | irung kula kang bêgja ||

153. Mundur lero maring (ng)gonne malih | ginuyu mring wong kathah gêr-gêran | parèstri nèng dalêm gêdhe | samya ngungak gumuyu | mring Ki Widiguna pinaring | akèh polahe bungah | langkung cucudipun | Nyai Malarsih tinarap | ing parèstri kang putra mantu nèng ngarsi | Rarasati kalawan ||

154. Ni Daya lan Jumêna Sêmbagi | ni Panukma lan ni Panamar |Kurang satu suku kata: ni Panukma lawan ni Panamar. sudagar kang gêdhe-gêdhe | ni pêngulu nèm sêpuh | wus luwaran dènnira bukti | samya namur lèk-lèkan | kejo ting kêrupyuk | ingkang cuki dhêdhakonan | rare cilik gumêtêr gathèng cangguring | ana kang cêcaturan ||

155. Wênèh paguywan pating cukikik | wênèh rêrasan acarêmêdan | Ni Sumbaling angêtèprès | takèn mring Ni Dayèku | lah (m)bokayu dika rumiyin | kaping pintên mah-imah | duk maksih nèmipun | Nyai Daya saurira | e ya amung ping pindho kangjêng kiyai | dipati Wirasaba ||

156. Duk pinundhut ku kinarya sêlir | pêngantyan lagya olèh nêm wulan | sêdhênge pêpasihane | pinancal pitung puluh | saking rêmên marang wakmami | bojoku bêntayangan | rina wêngi

--- 5 : 197 ---

bingung | kang dènamèkkên mung ingwang | aku iya samono manèh anangis | kèlingan duk pasiyan ||

157. Bêrkating bocah sun durung ngêrti | rakiting wong laki pipindhonan | kèlingan lakiku bae | satingkahe alulut | cinêdhakan mring ki dipati | mêngkarag angganingwang | jrih sangêt kalangkung | tur rinêpa ingarihan | sarta pinaringan arta busana di | tan arsa nampanana ||

158. Kang kaetang namung lakimami | solah bawane tansah katingal | iya wong padha ênome | ki dipati wus sêpuh | sariranya pupuk mêdèni | sabên ngong cinêlakan | tansah nangis asru | pan kongsi satêngah wulan | nora kêna manira pan maksih eling | marang lakiku lawas ||

159. Ni Sumbaling tanya kadipundi | wiwitipun kênane kêkênan | Ni Daya gumuyu nyablèk | iku lagi suntutur | nuju udan dêrês kapati | ngong anèng pagêdhongan | dalêm èmpèripun | tan wruh ki dipati prapta | kanca bubar nuli lawange kinunci | gumujêng galigikan ||

160. Nyandhak tangan ginujêg ngong (n)jêlih | rêgêjêgan pinaksa kewala | tan bisa mawal karsane | nuli iya wis atut | manira lan ki adipati | Sumbaling (n)dhêsêg tanya | sarwi (ng)guyu-(ng)guyu | tanggung têmên (n)dang dèn-jugag | ingkang cêlak samya gumuyu angikik | nyai pangulu têngah ||

161. Nyai Pratima sudagar sugih | ragi dhompol wong pat carêmêdan | cukikikan samya lirèh | Sumbaling (n)dhêsêg muwus | kadipundi witipun kenging | bokayu duk kinarsan | nèh wangsulimangsuli. wau | Ni Daya tutur tan ringa | kerasèng tyas ningali pajangan amrik | èngêt kala nèmira ||

162. Ika mau duk ki adipati | anggarêjêg kêmbênku linukar | sun bênakkên lukar manèh | sinjangingong rinangkut | lajêng (n)dheprok-(n)dheprok tinarik | lambungku nyêng dènangkat | angadêg rinangkul | ngong nangis anyêngkah-nyêngkah | kinukuhan ngapithing sarwi ngarasi | anguyêg payudara ||

163. Wus kawudan tan polih ing tapih | ki dipati nyamping wus siningsal |

--- 5 : 198 ---

byar ngalela kagungane | nuli wisnya wis atut | tan beda lan pangantèn ugi | Sumbaling hêm ah biyang | tanggung têmên iku | manas-ati sok dèn-jugag | caritane wong têlu sami angudi | bacute babar-pisan ||

164. Nyai Daya èsmu (ng)guyu angling | mau têka kudu cêcarita | tan kêna sabrèbèt durèn | iya mara suntutur | nanging mêngko gantya nakoni | wus samya sinaguhan | Ni Daya gumuyu | basa mangkono ngong mulat | kagungane jêng kyai têtêg atitih | nglêgarang gêdhe dawa ||

165. Andharêdhêg atiku kuwatir | nulya ginulingkên kinurêban | timbalane to e to e | manira asidhêkus | pan winêngkang ingong kukuhi | tinimpah saya sayah | wus bênggang pupuku | (n)jêng kyai dipati mapan | gya tumanduk warastra sêg angêlêbi | pan dudu lamakira ||

166. Nêt andêdêl tan kêna tumuli | pinapan-papankên wus amapan | pinêksa sru pêmadale | makênêng raosipun | ambarêbêt pating prakinting | kumêsar anêratap | grêgêl sun-anjêpluk | anjrit pinêksa kewala | tan kuwagang pantoging watês ngong (n)jêlih | kêsamur drêsing ngudan ||

167. Binotan srêg pangkêrêdan mami | pat-pêt pêtêng ambêgan salêkak | mawut kokonangku kabèh | êrug ngatut manjuluk | bantal kontal ujurku ngalih | polahngong gêlasaran | malang megung tinut | udane tan têrang-têrang | dêrês bae suwe-suwe rada rapih | tangisku nuli suda ||

168. (ng)Gigilani solahe jêng kyai | payudara pipi cinokotan | pinggêt unton-unton kabèh | mayar rasane liru | mak blas seje mau saiki | nora mèmpêr satuma | mung sadhela bingung | nuli pikir salin ada | sasuwene tan bisa mêlèk sakêdhik | sumrahe nora jamak ||

169. Tan kèlingan bojo-bojo dhingin | bocah cilik-cilik tan mirasa | nulya lèh gêdhe angatèl | satêngahing pulangyun | lèrèn kinèn nêkêm ningali | ih tobat nora jamak | satutup nêt punjul | sajêmpol pènyèt sih ngongkang | marêm mathêm pangrasa tan nêdya uwis | udan drês kongsi têrang ||

--- 5 : 199 ---

170. Gêr gumuyu ririh ting kulikik | wong tri angling nyêthoti Ni Daya | ngêpenginake dongènge | samya rongèh alungguh | ting kalêsêt gondhange salit | napase kumarangsang | ngêlêd-êlêd idu | samya jawilan papindhan | ingabedhang lêlèjêm iriban liring | Ni Daya ris atanya ||

171. Lah bok Têngah wis ping pintên laki | nauri gih duraka ping tiga | tinanyan pundi bedane | bok Têngah èsmu guyu | jaka-lara pangantèn urip | pangantèn sami bocah | lamine rong taun | randha nêm wulan mah-imah | angsal ngriki kemawon Ki Basarodin | adhine Amad Badar ||

172. Mung puniku kang dadi tyasmami | mèmpêr kang (n)dika tutur punika | arêbut agêng panjange | kang pundi ukuripun | sami nyakêp gêlangan sikil | gênge gêng ki dipatya | mênang panjangipun | botên patos kêrêp minggah | nanging bêtah wiwit sontên ngantos enjing | raose kalênyêran ||

173. Badan sakojur ngalêbêt mrinding | pan kêrasan ras-arasên wisan | yêkti pikantuk kang gêdhe | sami mèsêm ngacêmut | dhêdhêngkêtan dènnira lênggihlinggih. | nging tan kongsi susuta | nulya pêgat lampus | randha pat wulan mah-imah | inggih angsal ki pangulu Basarodin | lah punapa bedanya ||

174. Anahuri apan kaot ugi | dene ki pangulu darbèkira | gêng nanging sangêt cêndhake | sampun lir cêpuk lugu | watês gêlang lan bongkot sami | gendhol-gendhol ing ngandhap | sagêgêm agêmuk | yèn nggarap sapatilêman | goblag-gabluk bêg-bêg kadya dèn sothoni | grewal-grèwèl pocotan ||

175. Kêsêl (m)bênakakên anjagani | ting cukikik wong papat cêblèkan | layak yèn grèwèlan bae | wong kaya balabudhur | ambalèndhêr ngewuh-ewuhi | dhasar bandhane cêndhak | wêtênge anjêndhul | tan pati bisa akandhas | ngaya-aya sunduga boyoke sakit | mênêtakên rêkasa ||

176. Nyai Têngah gumuyu nauri | lêrês Nyai Daya panduginya | tingkah sangêt kangelane | ambêgane asênggur | kula-watuki kemawon jêbling |Lebih satu suku kata: kula-watuk kemawon jêbling. wahing sarêng copotnya | mak bul sru cumêput | tan kêkah anèng panggonan | susahing tyas karaos

--- 5 : 200 ---

rayat kang mati | ginuyu cukikikan ||

177. Ni Parti makaping pintên laki | nauri mung sapisan kewala | nanging sring kenging godhane | kinedanan wong bagus | godhaning blis pisan ping kalih | yèn sampun kalampahan | manahkula gêtun | sarêng ping tiga sakawan | lajêng tuman tan nganti milih wong sigid | anggêr agêng kewala ||

178. Yèn kula kesah pêpara asring | rinêjêng jênak sapatilêman | tan nganyang yèn tumbas wade | inggih lêrês bokayu | ingkang agêng lawan kang alit | yèn angsal agêng panjang | angalênyêng bingung | pangobèng kula nêmbêlas | anyapisan wêrata kula pilihi | angsal tiyang sakawan ||

179. Pangobèng tiga buruh satunggal | buruh sangêt awon warnanira | nanging gêng panjang badanne | ngungkuli kang cinatur | dados agêm mathêm ing ati | iriban mring wong lanang | yèn pasar Pon Tanjung | mikat babu nèng dêdalan | gêgarapan sakatêg-katêge dugi | sêgêr adheyang-dheyang ||

180. Tiyang ngriki kathah sunicipi | ingkang kêrêp mung Ki Kulawirya | rayat datan uningane | lan ki pangulu êmpun | inggih lêrês tirtur. dènbithèni | gumuyu jojorokan | Ni Malarsih dulu | cat myarsa ing carêmêdan | tyasnya ngungun ya ta lah dene wus sami | tuwa acêrêmêdan ||

181. Sadangunira Nikèn Malarsih | muwus lan nyai pêngulu tuwa | dus-wiladah lan nipase | kasaru kang gumuyu | ting kulikik ingampêt sami | lirih dènnya rêrasan | Ni Malarsih muwus | bibi punapa rinêmbag | dene nêmên gumuyu pating jurawil | nauri kang liningan ||

182. Inggih gujêngan tamba lèk sami | Ni Malarsih malih angandika | Sumbaling punika biyèn | têlèdhèk langkung payu | gêr ginuyu rewange linggih | mênêng mari crêmêdan | liya kang cinatur | nyawêngah angon iriban | wus katungkul nuli carêmêdan malih | Sumbaling tinakonan ||

183. Tutur duk masihe dados ringgit | dèrèng paringkilên wus anjajah | jêjaka wong tuwa dene | sajêg kula pulangpunpulangyun. | dèrèng wêruh raosing sakit | pan sakeca kewala | nanging wiwitipun |

--- 5 : 201 ---

krêp jajalan sami bocah | uga gêdhe saya gêdhe-gêdhe malih | kula duk maksih bocah ||

184. Dipun-tunggil tilêm lawan êncik | êncik Subedhe badane domba | lan kang (n)dika catur kabèh | agêng kang kulatutur | pan satukup bathêthêt luwih | rong jêmpol pênêd ngaya | acul manggut-manggut | dinêdêlakên ing wokkan | lir dèndhêngkul ngilêbi ubênging pinggir | dèn ngêr-ingêr mrih mapan ||

185. Dangu-dangu sami ngêmu yiyit | dèn usêlakên angêlar-êlar | wus angaluwing kikise | mêkênêng mak blêng anglud | bongkoting ngong ubêd-ubêdi | ing saptangan supaya | ywa tutug pokipun | blês-blês alon kêlêmira | rada suwe tutuge watêsing jarit | saptangan mau ika ||

186. Duk wiwite nyang-nyêng gringgang-gringging | amrêkinding raose tan kaprah | lawan sabêne wong ngakèh | datyan§ Prayoginipun / datan /. kadya puniku | ngunyêr-unyêr ngalênyêr anyir | bêd-ubêd inguculan | puput lar-lêr lar-lur | saking agênge tan gonggang | lae-lae dubilah rasane ngênting | abungah ngangah-angah ||

187. Mung punika kang dadya tyasmami | anjêlajah kabèh kawêratan | Cina Koja Cik Jawane | wus tan bisa angetung | awon pênêd agêng lan alit | miwah kang panjang cêndhak | kang koming myang buntung | anggêre kang kêngkêng mangkas | ingkang panjang kang bênêr (m)bêmbêng agilig | kang mêdhok bulêdira ||

188. Kang mucuk-bung tan pati pakolih | miwah kang bêndhol alit bongkotnya | sring (n)dhoko têngahing gawe | ngong ginarap wong têlu | dèn-woloni dipun-rolasi | ngagir miring malumah | myang mungkur sidhêkus | anjongok (n)jêngking lumampah | ambêrangkang ngadêg ngingkrang anèng nginggil | pinangku nganja-anja ||

189. Mila katêlah rêmênanmami | yèn wong (ng)garap tan akèh rekanya | bosên êlir angkrok bae | asring ngong tinggal turu | yèn mêlèka sun plaur dhidhis | ginuyu kalêsikan | malih lon amuwus |

--- 5 : 202 ---

mendahane ngalahêna | ingkang akèh rekane salin sumalin | sumrah bisa aliyan ||

190. Salin solah salin raosnèki | nadyan sadina sawêngi bêtah | malah saya kèh rasane | lir gatêlên kinukur | puk nim kukur-kukur ing gudhig | ènyèng sakojur pisan | layake puniku | jênênge anyêng nyang-nyêngan | paribasan wong kêna ngênyêng sayêkti | têmtu rasaning lanang ||

191. Yata wontên wulangan sawiji | padha karêm rêrasan karasa | ajrih isin mèlu ngomèl | sadangune angrungu | rêrasan kang ngenaki ati | nilingkên pan katara | api-api idu | kêcah-kêcoh sêsamuran | nanging nora marèjèl pangrungunèki | kabèh wus kacathêtan ||

192. Dangu-dangu kêrasa mrêkinding | jêlalatan narithil kêdhèpnya | awake kabèh anyabe | sasuwene alungguh | pan wus mêtu ping nêm mring jawi | kalêsêd malih mêdal | awat-awat nguyuh | bakune saking amawas | saya matu bêngkak kagunganirèki | thinuthuka kêmlothak ||

193. Sapraptaning jawi nulya linggih | bêkah-bêkuh hèh hèh ah ya ta lah | sarwi mijêd wêlakange | boyoke dèn-kuk-êngkuk | parandene ora amari | angadhuh sarwi ngucap | ambakna wong muwus | agawe laraning ngawak | suwe-suwe angadêg sarwi anjêngking | mêrkungkung ngulèt kayang ||

194. Kaku atine anjêlih ririh | gêdrag-gêdrug ekar sukunira | kadhêdhêlan andêlèwèr | kisruh kabêlêt nguyuh | mring pakiwan lumayu (ng)gêndring | kiyêng abêdêdêngan | wêtune kasusu | kocar-kacir nèng dêdalanan |Lebih satu suku kata: kocar-kacir nèng dêdalan. durung kongsi tutug ênggoning wus ênting | sinjange kaompolan ||

195. Parandene mêksa durung mari | paringisan lir wong lara ayan | kêcap-kêcap ngêsês bae | amingka bathukipun | nora kêna dipunsayuti | wêgah sangêt ngrêsula | jêr ya kae mau | cêlathune nora kaprah | sarwi nêkêm kagungan mêksa ambithi | cinêthot ciniwêlan ||

196. Wong papat sami mêndêm kalisik | saking nyênyêde kang carêmêdan | sadaya mêtu yiyide | ngêmbêr sadangunipun | kopoh [ko...]

--- 5 : 203 ---

[...poh] tambas marang ing tapih | takon-tinakon samya | sami drês angilu | gumuyu apalungokan | ngajak adus jinabad pamrojol mani | wong papat sarêng kesah ||

197. Tan wun catur sêmbère Sumbaling | yata ingkang jagongan kidulan | Jayèngwèsthi ing dalême | sasontên kang winuwus | namung ngèlmi saraking nabi | murading kawiritan | pêkih kang pakewuh | sabaturing pasugata | sadaya wus wanci satêngah satunggil | Jayèngraga krêkuhan ||

198. Sasontên mila dènyarsa singir | nanging ajrih manawi dinukan | mring raka dadya tyas mêne | garêncêngan ing kalbu | arsa munjuk-munjuk pan ajrih | tag-tig widhag-widhigan | tan saranta matur | ing raka Sèh Amongraga | kula nuwun pangapuntên ingkang mugi | wontên lilah paduka ||

199. Lamun parêng paduka lilani | kewala§ Prayoginipun / kawula /. pun sunat sisingiran | dhikir maulud pedahe | Amongraga amuwus | inggih sunat-sunat utami | kurmat (n)Jêng Rasullolah | manpangat aplanlu | Jayèngraga enggar ing tyas | wus kalilan kêtêkan sru nêging ngati | sênthot mêdal ing jaba ||

200. Jamal Jamil lawan Jalalodin | Nuripin tan kantun Jayèngraga | lênggah ing pandhapa ngèglèh | mundhut trêbang têtêlu | lawan kêndhangira satunggil | pra santri kang jagongan | mire maro kêpung | angandika Jayèngraga | marang para lurah santri gus Arpani | Jonadin Jayaniman ||

201. Bagus Yahya gus Jalalèn tuwin | gus Dawud gus Yusup Amad Darsa | kinèn mêpak lèrèhane | myang para bêkêl dhusun | kang sami kewala agami | dhalang topèng Ki Crêma | -sana anèng ngayun | kalawan Widilêksana | Tunjangkara samya cêlak Jayèngragi | para santri aberag ||

202. Amongraga mèsêm aningali | mring kang rayi sira Jayèngraga | angling mring Jayèngwèsthine | rayinta wus adangu | dènnya arsa asunat singir | Jayèngwèsthi turira | inggih sakalangkung | yèn ta sampuna kapalang | jrih ing tuwan kêdah natap

--- 5 : 204 ---

Cara-bali | salendro myang pelogan ||

203. Tan pae lan karsane (n)Jêng Kyai | tuwin ibu sangêt brangtanira | duk wingi kantaka supe | kathah karasèng kalbu | Amongraga nauri aris | botên maibèn yèn ta | cuwèng tyas pun ibu | mugi Hyang kang ngapura-a | inggih yayi prayogi andika mijil | kalih paman sadaya ||

204. Kawularsa sêpêning awêngi | nulya tumurun Sèh Amongraga | maring langgar panêpènne | Jayèngwèsthi amêtu | lawan ingkang paman kêkalih | Suharja Wiradhusta | praptèng pandhapa wus | kang raka aris ngandika | para iki nganggo (n)dadak têrbang katri | aramèn nganggo kêndhang ||

205. Jayèngraga mring raka turnya ris | mapan tiyang sampun kinalilan | punapa rinaos malihGuru lagu seharusnya: 8e, punapa rinaos malèh. | ngajrih-jrihi tiyang yun | kang raka gumujêng nudingi | andêlna yèn singiran | rahabe kalangkung | Jayèngraga angandika | marang dhalang hèh Crêmasana sirèki | undangên Widiguna ||

206. Iya suwunên mring (n)Jêng Kiyai | lan si Suratin yèn anèng kana | anake pak Rajinah-e | lamun tan anèng ngriku | ampirana nèng wismanèki | lan malih timbalana | putumu si Sênu | lan paman Ki Kulawirya | aturana nulya kang liningan aglis | mentar enggal-enggalan ||

207. Praptèng jroning regol aningali | wong gêr-gêran Ki Crêma wus nyana | yèn Ki Widiguna kae | pinaran tan asantun | kagyat Widiguna kapanggih | Crêmasana ajarwa | lakune ingutus | Widiguna saurira | yèn makatên dawêg marêg (n)jêng Kiyai | nulya nêmbah ing ngarsa ||

208. Matur kawula dipuntimbali | ing putrapaduka Jayèngraga | Crêmasana kang kinèngkèn | dipun purih umatur | Kyai Bayi gumujêng angling | iku kanca kabudan | dhumpyuk padha kasud | dhêdhalang angundang dhalang | sing kon (n)dhalang kang kinongkon dhalang sami | padha dhalang-dhalangan ||

209. Ana gawe apa dene gati | Crêmasana umatur putranta | karsa trêbangan rêramèn | Ki Baywa ngling amuwus | dènlilani mring Amongragi | matur kados kalilan | de suka kalangkung | Ki Bayi

--- 5 : 205 ---

gumujêng enggal | ingsun nêmpil sadhela iya sathithik | wong loro banyolana ||

210. sarêng (m)bêngok anjêlih wong kalih | samya kagèt sadaya alatah | bêkêm-binêkêm karone | Widiguna acucut | Crêmasana lucu kêpati | poyok-pinoyok samya | gêr-gêran ginuyu | (n)jêng Kyai gumujêng suka | nulya mundhut rasukan sêmbagi abrit | kalawan ikêt jingga ||

211. Crêmasana kulambiku iki | sun paringkên (ng)gonên Jumungahan | ikêt (ng)gonên yèn anopèng | Ki Crêmasana nuwun | nêmbah-nêmbah langkung kapundhi | nèng mustaka kacancang | pupucuking rambut | dahat ing kalingga murda | sih (n)jêng Kyai dadosa jimat paripih | dados ing kayuwanan ||

212. Lah ya uwis dadak crita ringgit | (n)jêng Kyai sarwi anggêgêm yatra | sajêmpèl sinêbar (ng)gonne | wong ro kinèn angrêbut | Crêmasana Widiguna glis | rêgêjêgan rêbutan | brawuk binarawuk | goh-ginogoh ing gêgêman | rame wêngkang-winêngkang tindhih-tinindhih | konthole Widiguna ||

213. Ginujêngan sêt anjêlih-jêlih | Widiguna kandhutane wutah | kang dènmut ginêgêm dene | kabèh kêna rinêbut | Crêmasana bungah kapati | dènculkên kontholira | Ki Widi mimisuh | Ki Bayi asuka-suka | gumêr-gumêr gumêdêr jalu lan èstri | (ng)guguyu Widiguna ||

214. Crêmasana pan umatur aris | inggih rayi dalêm Kulawirya | ingaturan putra mangke | Ki Bayi alon muwus | ya wis sira ngidula aglis | kang liningan sandika | nêmbah samya mundur | anakipun pak Jariyah | gus Suratin si Sênu wus dèntimbali | wus kerid sadayanya ||

215. Tan adangu wus prapta ing ngarsi | Jayèngraga ngling mring Crêmasana | dene suwe sira monyèt | Crêmasana umatur | inggih sawêg dipunparingi | ginanjar udhêng jingga | sarasukanipun | sêmbagi bang langkung pelag | dipunkêmbar gêbal-dalêm tiyang kalih | kula lan Widiguna ||

216. Sarta pinaring arta dhik-udhik | kang ngrêbat kula lan Widiguna | ramanta sangêt sukane | Jayèngraga gumuyu | sukur sira

--- 5 : 206 ---

karo pinaring | si Sênu lan si Surat | kon maju ing ngayun | nulya majêng anèng ngarsa | Jayèngraga anuduh marang Nuripin | bocah ro wènèhêna ||

217. Nyang si biyung konên anggêlungi | karo pisan bae konên ngêmbar | kang lir ronggèng busanane | sigra ingirid mangsuk | mring dalême Ki Jayèngragi | yata Ki Jayèngraga | trêbange ginêmbrung | lêkas amaca sêlawat | lan wong akèh salalahu ngalaihi | wasalamu ngalaeka ||Lebih satu suku kata: wasalamu ngaleka.

218. Nulya talu barung Bismillahi | amana Bismillahi amana | mana lilah gêr arame | trêbang gobyog ambarung | ajêguran gumuntur asri | gumêmbrêng agêmbrungan | abarung brêng-brong-brung | angguguk gêndhunging kêndhang | kêmpyung imbal atampèlan lan trêbang tri | sênggukan magak-magak ||

219. Samya kagyat kang wong jalu èstri | wong sadesa kadi ginugahan | tangi padha nonton kabèh | dhêrakalan lumayu | tuwa anom gêdhe lan cilik | rare nangis amothah | ting crêngèk kêmayu | ginendhong nangis nèng dalan | anggawa bor upêt colok myang didimik | miwah êting daluwang ||

220. Miwah kang anèng dalêm lèr sami | mirud aningali ing kidulan | jalu èstri age-age | lumayu rêbut-dhucung | mung kang anggêr kewala kari | tunggu têngga dandanan | lan kang sêpuh-sêpuh | rarya lit gusis sadaya | mring kidulan pêndhapa jêjêl apipit | jalwèstri yèl-uyêlan ||

221. Wus antara dangu talunèki | nulya suwuk amaca sêlawat | ngaring-aring sadayane | ingonnira winangun | kinang rokok wangèn lilinting | nipah kalobot mênyan | srotong lan kêlukuk | rokok tanjung kapulaga | wedang kopi jênang widaran krakkêling | grubi ulêr-ulêran ||

222. Santri saya kèh mèlu alinggih | samya lahab milu sêlawatan | wong tuwa bocah sêdene | Jayèngraga amuwus | mring Nuripin lan Jalalodin | karo mêngko êmpraka | nuli gênti maju | si Crêma lan Widiguna | kang liningan sandika aturirèki | berag santri sadaya ||

--- 5 : 207 ---

223. Jayèngraga angandika malih | Nuripin pundhutên têrbangingwang | si Macan Garongan kae | lawan mundhuta angklung | têka lima gêdhe lan cilik | mundhuta manèh trêbang | têlu êngkas gupuh | kang kinèngkèn sigra-sigra | mundhut trêbang titiga tan dangu prapti | kalawan angklungira ||

224. Wusnya katur marang Jayèngragi | nulya sinêntak Macan Garongan | ginêmbrang arum swarane | dadya trêbang pipitu | angklung gangsal kêndhang kakalih | ingkang sami narêbang | Jayèngwèsthi mungguh | lan kang rayi Jayèngraga | Wiradhustha Suharja Kulawiryèki | gus Dhaud Amat Asra ||

225. Santri lilima ingkang ngangklungi | Widilêksana lan Tunjangkara | kang nabuh kêndhang karone | arumat sêdaya wus | Jayèngraga lêkas asingir | bawa maca sêlawat | lagu Sêkargadhung | swara ngêlik arum mêmbat | ya illaha illaha ya illahai | ilalah Allah Allah ||

226. Sinauran swara kèh gora trigoratri = gora + atri. | sarta lan trêbang pitu barungan | angklung lan kêndhang arame | angguguk imbal gêdhug | kêmpyang kipyah angklung angênthir | klung klung thur nut irama | pong ping pyêk prong prong brung | thung thung dhah dhung grug bêng bung brang | puk pêk ping pêk pong bung pèng pèng tong-ting tong-gring | pêp pêp bah pung byang dhung brang ||

227. Kang ngemprak Nuripin Jalalodin | sarwi nyêkêl sumbu mubyar-mubyar | mubêng kalangan ngalètèr | sarwi angêmut sumbu | tênggok karo dènbarongoti | cicingklok cêcangklakan | pan surung-sinurung | brongot-binarongot gantya | dangu dènnya bêng-ubêngan siring gênti | kalangkung rahabira ||

228. Lamun nuju tibaning ing singir | Jayèngraga ngêlik abarungan | wong pitu rêmpêg ungêle | arum nuntung anuntung | lir salendro munya angrangin | kang senggolan kewala | lulut wilêtipun | singir dêling angêmanak | tan sarênti lapal bisahri rabingi | kad badan nurhul akla ||

229. Payah badan badra bida kali | mayujla anna rat bihil akla | nusarkan wamagribane | alussamai kalu | umarkaban ahlan

--- 5 : 208 ---

waulbi | soban nur ngijan ripta | tanpa mamis luhu | kil ngatil niniyus§ Ing Serat Centhini Pisungsung / kus nius /. tahlan | wa la mar-ahul badrukarli kusnihi | bah jata tlubu akla ||

230. Anulya kang santri naurani | tanpa rungwan barungan lan trêbang | sawiji tan ana gèsèh | kalangkung gêr gumuntur | sinalahan sêlawat nabi | wa salalahu ngala | -ihi wasalamu | salalah ngala Muhammad | suwuk alon trêbangira angêpiping | bêng bêng bêng sèlèh trêbang ||

231. Jayèngraga nulya maca rawi | tumèmbêl patitis kira'atira |Lebih satu suku kata: tumèmbêl patitis kir'atira. pasekat dawa cêndhake | sêmbada êmpuk mêntul | sajak Yaman wus angêsèhi | wilête ambiyolah | ngêmandhang alandhung | anggalêndêm rum araras | santri ingkang ahli kira'at tyase ênting |Lebih satu suku kata: santri kang ahli kira'at tyase ênting. myarsa pasekatira ||

232. Wus bakda dènnira maca rawi | nulya sasambèn udud anginang | winêton panganan malèh | inggih sakantunnipun | suprandene misih prayogi | santri samya nyamikan | ing sasênêngipun | nulya lêkas bawa Lêmpang | Allahu ya Allahu Allah ya rabi | na Allah kasbun Allah ||

233. Tanggap barêng santri kèh nauri | angantêp swara tan ngetang èrak | sadaya samya rahabe | gumêr gumrumung ngandul | asauran gantya wus kadi | Monggang lan Lokananta | nganyut-anyut arum | Ki Crêma lan Widiguna | samya êmprak bêksa Kêlana-tinangkil | karone ikêd jingga ||

234. Cathokan sêt nyênthong asisinthing | rambut pinuntir ngluwêr singsêtan | cawêtan sabuk sondhère | akawêng tali wangsul | pan andhèglèg ambapang ngibing | apasang pupu malang | ngingkrang gêdrug-gêdrug | hebat grudha anjingklak | sêblak larap narècèt mundur sêrisig | anglênggak langak-langak ||

235. Tangan kipat-kipat ukêl tangkis | dariji gêtêr ambuntut landhak | andhêngklang manthêng mathènthèng | maju banyak salulup | anggêndhingdhang lambung klak-aklik | pacak-gulu èjlègan | manggut-manggut nyunguk | angêmbyak akipyah-kipyah |

--- 5 : 209 ---

kêplok tangan lêmpêng aniba gionjingginonjing. | akiprah gidrah gidrah ||

236. Jayèngraga tyasira mèh kêdhik | sèlèh têrbang ambêksa Kêlana | myat ing raka tyas jrih mêne | mupus mung nrêbang bêsus | angungkuli kang sadayèki | ngapipir ngipat-asta | imbal rangkêp baut | ngagêm si Macan Garongan | pan jumêngglung lir gong Siyêm matug bêning | tan ana timbangira ||

237. Aningali bungah sêdayèki | myat kang êmprak lan ingkang narêbang | sauran tiba singire | angêlik tan akantu | bi aslabi arbah sodadi | kadis samsu pilibra | jihatan akalu | kulu wasirtu sarian | pi butuni tasarapat li kamali | pi lumuriltu ngawal ||

238. Naurani santri kwèh gora ngrik | sru asêsêg gibyok§ Prayoginipun / gobyok /. trêbangannya | pong brung brang brung bêng tung tung grèng | pêg pêg bah bah kur bah kur | nguk nguk bêbêb clong clung thur thur thir | tong ting thor bong pung pung brang | tanpa rungyan ubyung | Crêmasana Widiguna | nyêkêl colok ngêngkêlang colok susumping | colok nyakot amubyar ||

239. Rame surung-sinurung sisirig | bobrongotan pan bakar-binakar | Kalana pêrang rekane | atêlorongan sumbu | [...]|Kurang satu baris: 9i. bar bêr mubyar-cinandhak | gya kinarya cundhuk | saingga lir pangabaran | kang anonton ênting sukane kapati | samya sumyah gêr-gêran ||

240. Samya katêmbèn dènnya ningali | nulya suwuk amaca sêlawat | samya lèrèn sadayane | Jayèngraga gumuyu | ingkang raka gumujêng ririh | dhasare tukang bêksa | kinèn êmprak baut | karya bungahe ngakathah | anglêgakkên galihe para priyayi | Ki Crêma Widiguna ||

241. Tinimbalan maju anèng ngarsi | pinaringan panganan sêgêran | rujak kopyor jruk kêproke | dèn-galundhungkên nêlu | kang sawiji dipunisèni | arta sêjampêl sowang | kang pinaring nuhun | mundur wangsul ing (ng)gènnira | wus pinangan nulya kang pinindha ringgit | si Sênu lan gus Surat ||

--- 5 : 210 ---

242. Saking wetan padhang dènobori | ingiring para rare jêjaka | cingak wong nonton arame | ngaruhi (ng)guyu-ngguyu | uyêg kabèh samya anolih | bilah nganggo ronggèngan | merok-merok ayu | ting balêkèr guligikan | ham hèm ramya nêbut bilah setan rajin | rajine pak Rajiyah ||

243. Nulya piyak mire nganan kering§ Prayoginipun / ngering /. | pating kacêmut acukikikan | kabèh marèngès andorès | saking suka andulu | kang pinindha ronggèng wus prapti | ngarsane ing ngawirya | mêpês sila panggung | Jayèngwèsthi mèsêm mulat | Jayèngraga gumujêng suka ningali | Kulawirya alatah ||

244. Pan kinêmbar busananirèki | sinjang parangrusak kêmbên jingga | rinenda pinrada adèn | singsêt ngawêng ing pungkur | asamêkanasêmêkan. mêndhalagiri | wangkong wingking taliban | mancut adu mancung | tapih sipat polok tinap | asandhungan pangasih nêrampat wuri | widi jênar gêbêgan ||

245. Sêngkang uliran têmunggul siji | pupur rinêmbug pêthak sumilak | cêthik asangsangan kace | gêmbaya brit kustalus | gêlung sêdhêng bokoran jinggring | pinalipit ing sêkar | nganggit magêr-timun | tinirahan oncèn muncar | pinalangkan ing jungkat pênyu rinukmi | cundhuk-mêntul tamèngan ||

246. Jayèngraga angandika aris | sapa ingkang andandani sira | apa ya si biyung dhewe | Surati nêmbah matur | Nyai Daya ingkang (n)dandosi | mijil (m)bêkta busana | saking jro sadarum | panuwunipun (m)bok inya | iya ta lah Nini Daya dene apik | bisa karya yu warna ||

247. Lah wis ayo empraka kang bêcik | kang liningan umatur sandika | Jayèngwèsthi lon dêlinge | si Jamal Jamil iku | konên emprak dhisik wong kalih | kang rayi nut ing raka | nulya ngandika rum | lah Jamal Jamil empraka | bêrkat sira sabating guru linuwih | ingong kang ngalap bêrkah ||

--- 5 : 211 ---

248. Matur sandika Ki Jamal Jamil | sarwi muwus sela itêm wawrat | Jayèngraga suka tyase | gya kinèn mundhut watu | pan sakêndhil agêng wus prapti | dupa mênyan rinumat | adan lêkas gupuh | sajak Karang-kabuyutan | Bismillahi hiamana bismillahi | amana mana lilah ||

249. Sinauran gumuruh pra santri | kadya bendrong sasra abarungan | gumêr gumêdêr arame | angklungira kumruwuk | trêbang umrês barêngan singir | Ki Jamal Jamil emprak | lir ngalangi banyu | sela sagênuk ingangkat | rame antêp-ingantêpan gênti-gênti | kadya kapuk salamba ||

250. Kang ningali kagawokan sami | sadaya sami asuka-suka | Jamal Jamil mêndhêt lare | pasuson dipun-rêbut | dèn-agirkên rare nèng lampit | lare alit (m)bêrangkang | dèn-antêpi watu | mring wong ro balag-balegan | biyung anjrit biyang priye kuwe kyai | wong akèh (n)jêlih samya ||

251. Nanging rarene sangsaya aring | gêlèntèran ingantêpan sela | tan pitaya wong tuwane | age-age rinêbut | wus karêbat dipuntangisi | nulya gêr samya latah | langkung ramenipun | Jamal Jamil dènnya emprak | dènnya bandhêm-binandhêm sakênanèki | rai wêtêng gigirnya ||

252. Trêbang ajêngguran manêngkêri | tinatap gêbyog kaya bêdhaha | tung plêg tung plêg dhung brang dhung breng | bêb bêb bah bah gur bah gur | pang pêng ping bêng kêtongting tong gring | grung grung byêg brang brung brung brang | klung klung klur klur thir thur | Jamal Jamil dènnya emprak | saya rahab nêlaskên budayanèki | nulya agêgabusan ||

253. Nyuwun kalewang berang lan arit | bapang sinungan kinarya emprak | kang myat maras tyase kabèh | nulya bacuk-binacuk | myang amêcok garês pribadi | bat-bêt datan tumama | ngali-ali kêthul | miwah dènnya babrongotan | kang kinarya colok obor gêng kang gêni | rame bakar-binakar ||

254. Jamil kinarya têdhas ing gêni | bêbêd saruwal kulambinira | udhêng rambut lan jenggote | pan dadya gêni murub | mulat-mulat abadan gêni | wong nonton eram-eram | langkung sukanipun |

--- 5 : 212 ---

Jayèngwèsthi Jayèngraga | gung gumujêng ningali Ki Jamal Jamil | sadaya sumyak-sumyak ||

255. Bêbêdira ki Jamal dèn-athing | athingakên ngoboran kinarya | anggorèng kacang kadhêle | matêng samya inguntut | kulambinya anggembol warih | gênine ingoboran | karya (ng)godhog kimpul | matêng pinangan ing bocah | nulya nyuwun linggis wêsi gilig kalih | sinungan kinaryemprak ||

256. Sigra gêgabusan Jamal Jamil | pênthung-pinênthung ing linggis samya | Jamal pinênthung raine | sru banène kumêpruk | bathuk pêcah tiba ing siti | gêtih andêladag |Kurang satu suku kata: gêtihe andêladag. kêlosodan mujur | pinindho ngantêpan sela | sirah rêmuk balung rênyêk badannèki | ngalumpruk gobrah-gobrah ||

257. Kang ningali cêp gêtun tan sipi | gumun samya manahe sumêlang | sadaya pucêt ulate | Jèngwèsthi manthuk-manthuk | gèdhèg-gèdhèg Ki Jayèngragi | Suharja Wiradhustha | myang Kulawiryèku | samya angungun sadaya | priye kuwe mêngko akale ki Jamil | agawe gêgawokan ||

258. Ki Jamil nyuwun sinalip gêndhing | Sêkar-gadhung kang landhung lon-lonan | pan mangkana saurane | ulung asambêr ulung | ya maole si ulung mati | ngêlayung ya maola | roke pida yakun | Jayèngraga gupuh mojar | mring gus Surat Sênu lah ngadêga singir | nuta Jamil kewala ||

259. Matur sandika kang sinungan ling | nulya ngadêg mring Jamil winulang | wus linuruhan mangkene | Jamil nèng wurinipun | sarwi (m)bêkta angklung kêkalih | kang jisim ingubêngan | sindhên Ulung-ulung | sambêr ulung ya maola | si ulung mati ngêlayung mole rokin | pindha ya kun§ Prayoginipun / pida ya kun /. mangkana ||

260. sarêng ngêlik mêthit anjêlirit | alantik lir pulung kang pipitan | kadya nangisi isthane | mring bangke kang amujung | kang ningali samya kèh nangis | trêbang lirih satunggal | lan angklung têtêlu | lawan kêndhange satunggal | ukur jawil imbal angêpinjal bincil | kêmpyang nyampyêng pincatan ||

--- 5 : 213 ---

261. Ting salêntik pang pik pêk pak pik pik | tung plêk tung plêk tong ting bung pang pêng byang | nguk nguk dhung dhung thong thong thur thèr | kutugipun kumêlun | mayit obah nulya ngalilir | lurube ingungkaban | Ki Jamal wus lungguh | ambêgane arênggosan | ingadhêpan ronggèng ro lawan Ki Jamil | Jamil lir mêlas mulat ||

262. Nulya nyandhak bêndho lawan arit | Jamal ngucap hèh ta bêndho sira | lan si arit bapang kuwe | lumakuwa sun utus | padha mèka dawêgan aglis | gya bêndho arit bapang | kesah rêbut dhucung | gumlothak kêtanggor cagak | Jamil angling bok dènalon bêndho baring | lunga tan ngarah-arah ||

263. Ginaguyu mring kang nonton sami | tan adangu bêndho arit bapang | kalung dêgan anyagandhèng | barêng saking lèr kidul | praptanira asèlèh ririh | bêndho arit tumumpang | nèng dawêganipun | Ki Jamil muwuse sugal | ora urus jamak banjur dènparasi | sêpête buwangana ||

264. Nulya tangi bêndho lawan arit | ting galasrok marasi dawêgan | polah dhewe ras rès ras rès | kang myat suka gumuyu | dawêgan dèninumkên aglis | dêgan sakawan têlas | bêndho arit gupuh | ambuwang sêpêt bubuhan | nulya Jamal wus bagas lir wingi uni | nuwun salin lagunya ||

265. Dhênggung Bantên bawa saurnèki | dhênggung yahu daim dhênggung Allah | daim Allahu daime | sigra sinauran gur | brong prong prung brang dhêng thung thung thung gring | pyak pyok byêg pêp pêp bah bah | nguk gruk bung thor thir thur | umrês barung lan sauran | Jamil Jamal aemprak nêlasakên gêndhing |Lebih satu suku kata: Jamil Jamal aemprak nêlaskên gêndhing. gênti nganciki sirah ||

266. emprak pundhak kinarya cik-ancik | samya banting-binanting bag-bêgan | pra emprak tan kadya kiye | kang nonton sakêlangkung | cêkakakan hah hah huh hih hih | kapingkêl kêl kasêlak | pan kapêntut-pêntut | kathah kêthuh ngêbrok (ng)gènnya | akapricit arsa lunga bok dèn-nggoni | mulane anggadidak ||

267. Wus antara kasauran singir | suwuk maca sêlawat lahuma | sali wa salim ngalèhe | lan wong kèh salalahu | ngalaihi wa asalami |§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / ngalaihi wa salami / [sudah betul: asalami].

--- 5 : 214 ---

salalahu ngalaya | Muhammad cêp suwuk | samya rèrèn sangêt sayah | amêmangan kang sêgêr myang wedang kopi | Jamal Jamil ngandikan ||

268. Anèng ngarsanira Jayèngwèsthi | pinaringan ingkang sêsêgêran | sêmangka jêruk salake | srikaya lèmèt mêdud§ Prayoginipun / mendut /. | wuwungkusan pipisan isi | arta sareyal sewang | kang pinaring sampun | nuwun mundur ênggènnira | asêsambèn sadaya angaring-aring | nutug dhahar nyamikan ||

269. Ki Kulawirya amaca rawi | swara santak erak muluh rêmak | grawul mung buru wanthène | sêru rada mêrkutuk | nanging marang sastra pêtitis | maca lapal ruwiya | wulingan kabibu | salalahu ngalèhisam | wa huwa ma kakalu ala nguyuni | ma ka tungun suratan ||

270. Wusnya tamat dènnya maca rawi | Jayèngraga ngling suwawi paman | paduka lajêng bawane | witipun Carang-gantung | miba Pêtung-wulung kang aris | sigra Ki Kulawirya | abawa swara sru | ya lailaha ilolah | ya Muhammad Rasullulohi tangalim | Muhammad Rabibolah ||

271. Santri sadaya anaurani | rêmpêk tan ana mênèhi sajak | angiyud-iyud swara kèh | yèn nuju sèlèhipun | tinanggapan ronggèng ro ngelik | ngalik-alik araras | nyamlêng nganyut-anyut | lir sundari kapawanan | lantik-lantik sumênut ambêlèr ati | wong samya sir kumêsar ||

272. Wilêting pasindhèn amulêt ati |Lebih satu suku kata: Wilêting pasindhèn mulêt ati. lir tinutu tan kêna tinata | tetela lir èstri jiblès | sasolahe wèh wuyung | kabèh samya rêmên tyasnèki | cipta sami kedanan | mring gus Surat Sênu | Sunu§ Prayoginipun / Sênu /. dhasar putu dhalang | gus Suratin dhasar anake wong sugih | ginulang wasis bêksa ||

--- 5 : 215 ---

273. Bêkas gambyong mêsês ronggèng kalih | tan ana sor-sinoran wus rimbag | cangkêt-cangkêt kêkêncète | cat-catan kengisipun | lêntrêng kêsit mungsêr sisirig | kêclap larap anilap | lèngèk-lèngèk maju | jariji kêjêr ling-lingan | mênthung uwêd andhêngklang gêndhewa gadhing | sèdhêt andhêdhêt ulat ||

274. Pacaknya lir Srikandhi nèng kêlir | lan Drêsanala aparibawa | tandhing wilêt kalulute | ulêt lir kupu tarung | tan kuciwa baude sami | Ki Crêma Widiguna | ambadhuti cucut | sarta enggake§ Prayoginipun / sênggake /. imbalan | abêbanggèn prak-prak kêploke ngêdasih | coronge mubyar-mubyar ||

275. Ngêlik Pêtung-wulung kumalinthing | lir suling wratsari abarungan | kang tan sêlaya tutupe | ngalêp-alêp mlasayun | pan sêmbada sasolahnèki | sangkêp tangkêpe limpat | ilo ukêl cênthung | ukêl lêlathèn tasikan | inggêg jaja juwêt ngujiwat ngawêti | Jèngraga kêguguran ||

276. Karêkuhan tyasnya widak-widik | dènyarsa ambêksa garêncêngan | jrih ing raka isin ngakèh | kadho-kadho angungun | saking sangêt dènnya kapengin | Jayèngraga umêdal | totoya anguyuh | mring sor jambu ing gêdhogan | gus Suratin sigra (m)bêkta cèrèt mijil | kang turas tinuruhan ||

277. Tinakèn apa gêdhe ta iki | inggih agênge botên kêjamak | ah ngajêng sangêt mêdhoke | Jèngraga sru gumuyu | sèlèhêna cèrètmu dhingin | mirêng Sênu sindhènnya | ngêlik Pêtung-wulung | cumêngkling bênêr lir pendah | rêbab sêdhêng olih santêne gumrining | Jayèngraga ambêksa ||

278. Lan Suratin dènnira angibing | pating karinggêk nèng pêpêtêngan | antara têlung gongane | lah wis payo anusul | cangkingên cèrète yèn lali | kasuwèn bok kênyanan | wangsul ing (ng)gyannipun | anutug dènnya trêbangan | wusnya dangu kèndêl sinalahan sami | samya so sadayanya ||

--- 5 : 216 ---

279. Jayèngwèsthi angling mring kang rayi | tutugêna manirarsa sunat | kang rayi inggih ature | kang raka nulya kundur | Jayèngraga ombèr tyasnèki | ngandika mring kang paman | kadospundinipun | putrandika kundur sunat | prayogine bubaran kewala sami | kula mantuk mangetan ||

280. Paman kalih kantuna nèng ngriki | mung suwawi paman Kulawirya | kang paman alon saure | lah iya sakarêpmu | tutugêna iya prayogi | bubaran sakarsanta | Jayèngraga muwus | pênêdipun abubaran | nulya Jayèngraga lan Kulawiryèki | samya kundur mangetan ||

281. Ronggèng roro Sênu gus Suratin | Crêmasana lawan Widiguna | Widilêksana lan malèh | Tunjangkara puniku | Gandasana sami angiring | Nuripin Imanarsa | gus Dawud tan kantun | kang nonton bubar sadaya | wus mangkana atata dènnira linggih | anèng têngah pandhapa ||

282. Jayèngraga angandika aris | mundhuta trêbang gêndèr lan gambang | kalawan kêndhang sulinge | kang kinarya gongipun | trêbang bae kang nora sirik | kang liningan sandika | tan dangu prapta wus | thêng thêng pinatut rêbabnya | nêming gêndèr sinênggrèng ngèk wus pakolih | nyamlêng nême araras ||

283. Jayèngraga mèsêm ngandika ris | sênggrèngên sêsêndhon pathêt sanga | dèn-nutug lih-ulihane | Widiguna kang suluk | kang sinung ling sigra miranti | Crêmasana angrêbab | Widiguna suluk | kang anggêndèr Gandasana | Tunjangkara pênêt tutupane suling | Widilêksana (ng)gambang ||

284. Kulawirya ingkang angêgongi | gong trêbange si Macan Garongan | nulya lêkas sêsêndhone | Crêmasana abêsus | tutupira gêtêr amiwil | jariji anglir pendah | kalajêngking ngêntup | akêsit lir anggang-anggang | kosok lamba amuput alus alari | yèn rangkêp rikat rata ||

--- 5 : 217 ---

285. Crêmasana pacake amanjing | ngik-ingike angèrèng lir garantang |§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / ngèrèng /. kawat pakolèh santêne | ngês wilêt manis arum | Gandasana gêndèr gumriming | sêrênge anyalupak | êmpuk ulêm arum | bêbêngkakane ngêmanak | pênabuhe apinjal pancêr mincati | sêmune lir Unêngan ||§ Prayoginipun / Onengan /.

286. Widilêksana pênggambangnèki | apik dhasar gambang dadi anyar | kayu rawan rum swarane | kalêrêsan pikantuk | grobog sêdhêng rong-rongannèki | placak paku kuningan | sasênthêng pinuntu | apêsagi rarasira | panabuhe narithil driji kumitir | galêbêg tan carukan ||

287. Abot kiwa kêbat alêstari | têr gêtêr lir kupu prêt-uprêtan | tan (ng)goling wiwilahane | macalang wilêtipun | baut bêsus anggunungsari | Tunjangkara dènnira | nyuling nganyut-anyut | tiupan pakolih jamang | wuluh tarang tuwa bobotsari tipis | mencok unyêranira ||

288. Tan bêlero laras nora silir | mathis manis ènthèng swaranira | bêning cengkok tutupane | samya rêbut ngêsipun | kèh uninya amêmêlingi | sumêlèt athuthitan | paniyupe landhung | anglir pulung kapipitan | pra niyaga kang samya sêsêndhon ngênting | Sarayuda sabêman ||

289. Jayèngraga angandika aris | wanci punapa punika paman | Ki Kulawirya saure | pan iki bakda saur | durung bêdhug têlu kang wanci | sêtun satêngah tiga | Jèngraga amuwus | sainggane rong gêndhingan | apan§ Prayoginipun / apa /. kanti Crêmasana matur aris | kados botên kasêsa ||

290. Lah ya payo muni Lompong-kèli | nuli Pêtung-wulung ingkang mêmbat | nulya buka gêdhingane | êgong trêbang jumêngglung | pan ambaung lir gangsa yêkti | rêbab ngêcêg ngak-ngikan | gambang kumlunthung thur | suling mêrit atilêpan | gêndèr nal-nil Widiguna angêndhangi | Rara-ciblon kosekan ||

--- 5 : 218 ---

291. Rarasnya rum nyundari ngrêrangin | ingkang nabuh samya bautira | adu wilêt yatmakane | ing gêndhing ngêsês bêsus | Crêma Widi kalok pasisir | niyaga Wanamarta | kang komuk mumuruk | ronggèng ro Sênu lan Surat | sarêng ngêlik mêdêd lêmpêng Lompongkèli | saya wèh kalinglungan ||

292. Dhasar wus ênggone anèng gêndhing | kang anabuh ambantu tog-togan | rêmpêg mrih padha rasane | ronggèng sangsaya bêsus | pêngibinge dipun-gêndhingi | kang myarsa nunjang-nunjang | lumayu andulu | asukup padha sadhela | ing pandhapa gêdhe cilik jalu èstri | apipit yêl-uyêlan ||

293. Saya karênan ingkang ningali | Jayèngraga ngatipung pangpungan | sarwi alon ngandikane | paman supaminipun | punapinggih punika kenging | lamun dèn-emprakana | kang paman gumuyu | patute bae ya kêna | dene ingkang ora nganggo ênggonnèki | namung trêbang kewala ||

294. Wah mêngkana ing kono Nuripin | Dawud Amad-arsa priye sira | kang sinung ling lon ature | sumangga karsanipun | langkung ajrih matur kumawi | Kulawirya lingira | kèh-akèh rinêmbug | wis payo têka empraka | ngarah apa mêngko manira labuhi | Jayèngraga alatah ||

295. Nging yèn wontên dukane (n)Jêng Kyai | ngong tan uning mangsa borong paman | Ki Kulawirya (m)bêgènggèng | ya wis ana ing aku | kang nadhahi dukane kyai | kang putra dhasar karsa | ana kang ananggung | Jèngraga cucul rasukan | nyamping dhêstar ingêlus ingkang alêngking | ngusap-usap kumbaya ||

296. Adan jumênêng lêkas angibing | Kulawirya ngadêg asêrigag | Nuripin Jalalodin-e | kinèn anyêkêl sumbu | wong kêkalih lir ambadhuti | Jayèngraga abêksa | pacake asaguh | bêksa Panjinom Madura | miwir nyamping agêtêr jêmpol klak-aklik | atanjak kêbo-mênggah ||

297. Mêdhi-kèngsêr ngalêsêd narisig | angikal ukêl asta ngrajungan | midak irama tindake | parigêl egol lambung | aluk-lukan ula ngêlangi | narèdhèt asigêgan | pacak-jangga manglung |

--- 5 : 219 ---

amênthang asta andhêngklang | pan haebat naga kabunton anolih | alaras riringgitan ||

298. Kang ningali kathah samya linggih | myat kang bêksa sadaya asênggak | kêplok lir gêrah swarane | samya suka andulu | bêndarane suka angibing | pasêmone awayang | lir Wirun abagus | sarira lurus ajênar | brêngos têpèn kêkêtogan lir minangsi | waja tètèsing toya ||

299. Langkung bungah-bungah kang ningali | samya eram-eraming kedanan | sakèhe kang nonton kabèh | micarèng jroning kalbu | dhuh bêndaraningong wong sigit | lae-lae saengga | mêmundhuta mring sun | ngong-rewangi raya-raya | numbuk bêntus datan etang kinarikit | tyasingwang tan sumêlang ||

300. Sangsaya berag dènnira ngibing | ronggèng ro pêncar mubêng kalangan | kumpul prêpêt nindur age | sarwi anêngkah lambung | golang-galing ling-lingan liring | cêthik methok apasang | nampèl-nampèl pupu | Jèngraga lir pinagolan | jaja mungal manglung ing jangga angliling | kadya grudha kasêlak ||§ Prayoginipun / kapelag /.

301. Hebat kêclap kumalebat kêsit | lir paksi prit mêsat sing pangundhan | alon akalangan kangsèn | kêjêr gambrêt aniyub | mencok maring pangundhan wêntis | uwal muwêr nèng ngasta | sisirig ngandhuyuk | mathêt ngalêtêr ting-tingan | larap marang ngarsa nindur sarêng ngêlik | amanis gêtas rênyah ||

302. Apupunton swara rum amanis | mirut sakwehning ulon animbang | anyamlêng mathis manise | tan malèsèt sarambut | ngês wilête amêthêt ati | ati pêthot thêl gigal | gêlêng golong linglung | kairup langên kalangwan | Jayèngraga mênthang ukêl angêtibing | nangkluk klêg pacak-jangga ||

303. Wus adangu luwar dènnya ngibing | nulya lênggah sadaya atêrap | sinung wedang panganane | ngaso-aso sadarum | amêmangan myang nginum kopi | nutug dènnya nyamikan | Jèngraga amuwus | yèn wus aso sasêndhonan | pathêt manyura Widiguna nyuluki | wusnya banjur gêndhingan ||

--- 5 : 220 ---

304. Pêtung-wulung tibakna Ginonjing | niyaganya sigra pêpathêtan | nutug olèh-olèhane | lan buka Pêtung-wulung | Jèngraga ngling paman sumawi | Kulawirya agêpah | sabuke dènulur | ngiras sondhèr singsêt pisan | dhêstharira tinêtêpkên kacêp alis | nyamping cancut serongan ||

305. Kawêng sondhèr tali wangsul prêkis | tandang saguh asinggah agagah | bêksa Dhadhap krêta cèkèh | tanjak alaras maju | nyidhang mundur kicak narisik | majêng siblak tayungan | lajêng nrisik mundur | anampa manggêl amagang | ngingkrang nyidhang manggêl majêng anaricig | jêglig apacak-jangga ||

306. Pêtung-wulung aniba Ginonjing | nulya kiprah abêksa Kalana | pacak-gulune aèjlèg | ronggèng ro angrêrubut | nindur gêndhèng mungsêr sisirig | gulêt ulêt-ulêtan | mubêng maju mundur | lincak-lincak kicat-kicat | amêtènggèng mathènthngmathènthèng. lir Bima-kunthing | manggêl thêg macak-jangga ||

307. Nulya sampun dènnira angibing | kêringêtira apêruntusan | lèrèn aso sadayane | sêsambèn nyamuk-nyamuk | wusnya nutug amacit sami | Jayèngraga ngandika | dhunêna rêbabmu | kêndhonana kêndhangira | payo padha bubaran sêdhênge arip | kang liningan sandika ||

308. Angling malih amundhuta dhuwit | têlung reyal paringna niyaga | tan dangu praptèng ngarsane | gya pinaringkên sampun | pra niyaga nêmbah nuwun sih | nyamikan binêrkatan | sigra samya mundur | Kulawirya apamitan | kang anonton wus samya bubar tan kari | mung Sênu lan gus Surat ||

309. Ingkang datan kinalilan mulih | anata pasareyan nèng paningrat |Lebih satu suku kata: nata pasareyan nèng paningrat. wus miranti saulêse | Jayèngraga duk wau | nèng paningrat dènnya aguling | Sênu lan bagus Surat | angêloni pupu | dangune akalêsikan | Jayèngraga èsmu (ng)guyu angling ririh | sarwi narik pipinya ||

310. Sira karo dèn manjuluk thithik | samya manjuluk dumugèng jaja | angêkêp lambung kalihe | [...] |Kurang satu baris: 7u. ronggèng roro dèntêtakoni | sarwi kinèn nêkêma | ing kagunganipun | ronggèng ro agaligikan | samya nêkêm rong têkêm panjangirèki | watês galêng

--- 5 : 221 ---

kewala ||

311. Sira iku wis padha nglakoni | kêlampokan lawan bocah-bocah | gêdhe êndi karo kiye | ronggèng roro gumuyu | matur dèrèng tate dènwori | maido Jayèngraga | apa munga aku | cêkake bae uwis sira |Lebih satu suku kata: cêkake bae wis sira. gus Suratin matur inggih sampun mami | kang kadugi ing manah ||

312. Sami sutaning sudagar singgih | ingkang asih lir tiyang kedanan | kewala kang sami dene | santri (ng)gih kathah wuyung | nanging datan kula-langgati | namung rayi paduka | gus Kanjir kang sampun | putrane Ki Wiradhustha | yèn kang sêpuh mung paduka lawan malih | kiyai Kulawirya ||

313. Jèngraga ngling paman lawan mami | gêdhe êndi matur kang liningan | gêng panjang paduka kiye | kiyai mung saêcu | yèn punika saêcu luwih | kurang kêdhik sakilan | Jèngraga gumuyu | sapa manèh kang anggarap | matur sampun ora satêmêne maning | inggih namung punika ||

314. Lah si Sênu kapriye sirèki | aywa kumbi matura pasaja | Sênu nêmbah lon ature | inggih kathah kang wuyung | mring kawula kedanan sami | santri myang sudagaran | kathah pawèhipun | sami ing ngriki kewala | mèh wêradin akathah kang sami brangti | inggih dhatêng kawula ||

315. Kalih ki pangulu Basarodin | dipun kaluthuk namung sapisan | kapok kinalampok malih | Jayèngraga gumuyu | guligikan gêroyok angling | kadèkne kêlirikan | nyat bocah rumusuh | bagus kang suluh wadana | mas pangulu ulate angincih-incih | nora mambu wong tuwa ||

316. Saliyane ing kene wong êndi | Sênu matur pan inggih kawula | nuju katimbalan nopèng | dhatêng kitha rumuhun | kinêrsakkên dhatêng (n)Jêng Kyai | dipati Tintên§ Ing Serat Centhini Pisungsung / Wintes /. sowan | gêng ganjaranipun | busana arta kandêlan | bunton jêne kawula ngantos tri ari | tan sinung mêdal-mêdal ||

--- 5 : 222 ---

317. Tuwin para putra santanèki | kathah kang kedanan mring kawula | mila wit kawula wade | (ng)gih sapikantukipun | tiyang nistha ngling Jayèngragi | manira lan kakangmas | gêdhe êndi iku | umatur agêng paduka | angling malih iku pan goroh sirèki | lan sun gêdhe kakangmas ||

318. Sarwa ngoncori lawan ing mami | kêrana aku duk maksih jaka | kangmas tumênggung sring mrene | kadhang sun kang lumêbu | anèng kana tan pisah mami | kongsi sêtêngah wulan | tan kalilan mantuk | mring wang karsa kêlampokan | pan pinêksa makênêng lagya sakêdhik | mopo aku tan kuwat ||

319. Mung sun-kêmpit ing pupuku mipit | kanti angganjêl anèng wêlakang | linulur pêgêl raose | badhe iya satuhu | matur namung kaot sakêdhik | sarwi gelo ingogak | Jèngraga gumuyu | sapa kang ngluwihi kangmas | matur botên wontên sarwi anggaligik | ora têka balaka ||

320. Matur ngênthêt-ênthêt asmu isin | inggih wontên nglangkungi rakanta | agêngipun myang panjange | gêbaldalêm puniku | Kaki Widiguna nglangkungi | anguwêr mring kawula | kongsi anjêngkêrung | Jèngraga gumuyu latah | anêmpuh byat dene putune pribadi | apa mèri wong kathah ||

321. Jêr rupamu (ng)grêgêdakên ati | sira ro apa tan kangên mring wang | lan pirang dina lawase | tan katêmu maringsun | inggih wontên kalihdasa ri | Surat umatur sapasar | apa jrih kalamun | tan wontên ingkang timbalan | ye§ Prayoginipun / ya /. dènmrene kewala mêngko sun-ganti | samya matur sumangga ||

322. Yata wau myarsa swarèng pêksi | kluruk ayam myang putêr bênggala | Jèngraga kadho karsane | panggalihira tanggung | angandika mring ronggèng kalih | Sênu Suratin sira | têkêmên bae wus | cuwa ing wêktu tunggangan | nulya samya nat-nêt anêkêm-nêkêmi | sarwi ganti angaras ||

323. Warastranya dangu dènarasi | dènnira makas wus waunira |

--- 5 : 223 ---

Jayèngraga rongèh tyase | kumênyar angganipun | datan kêni dipunsayuti | mrêkiding bêbêdêngan§ Prayoginipun / bededengan /. | ngacêcêng sakojur | nuju ronggèng ro araras | sangêt ngingsêp kumêjot nyêroti pipi | karone gubras-gubras ||

324. Angga lêgêg ngudal-udal mijil | alêr-lêran nandho nèng landhungan | nora ucul panggêgême | Jayèngraga ambêkuh | ah ah ngêsês hêm hêm sarya ngling | o o lah kêtiwasan | priye kuwe iku | dha padapadha. ngur dèntamakna | ginaguyu ing ronggèng pating galigik | tuntas dènnya dêrawas ||

325. Kêkênthêlan anjêdhêl§ Prayoginipun / anjêndhêl /. nèng rawis | miwah kang kathok anèng landhungan | dènkêsuti sap-tangane | kêbês kumbayanipun | pan warata lir dènsêkuli | Jèngraga wungu nendra | anggêrêng gêgêtun | nyampinge adêlêmokanadalêmokan. | èh Suratin mundhuta nyamping dènaglis | kulambi sabuk deêsthar ||dhêsthar.

326. Mring si biyung kang kinèn gya prapti | busana katur nèng patadhahan | Jèngraga mring patirtane | Sênu Surat tut pungkur | marang kulah tinalang mili | kungkum siram jinabad | purujil mani wus | ronggèng ro kinèn anguma | anggosoki kagungan landhunganèki | anglalar sariranya ||

327. Nuli mêntas dènnya asusuci | salin busana sapangadêgan | patlêsan pinaringake | maring gus Surat Sênu | nanging Surat matur tan apti | nuwun panah kewala | sagandhewanipun | lan êmprit kang muluk lêpas | sinaguhan pinaringan samya tampi | nêmbah nuwun kalihnya ||

328. Jayèngraga malbèng dalêmnèki | Sênu Surat wus cucul busana | datan winarna solahe | kang anèng lèr winuwus | kang jagongan pandhapa sami | kang nutur kalanira | mring kidul andulu | kang emprak singir trêbangan | para tuwa manthuk-manthuk dènkandhani | Ki Bayi tumut suka ||

--- 5 : 224 ---

329. Angandika marang santri Luci | kapriye Luci sira tutura | kang emprak sapa kabèhe | Luci matur agupuh | kang rumiyin adhi Nuripin | lan Jalalodin emprak | asumbu-sinumbu | nuntên Kenthol Widiguna | lawan Crêmasana lucune kêpati | pan emprak cara Buda ||

330. Kuciwa tan mawi têkêsnèki | dede emprak pan topèng balaka | mêtênggèng thir anjêgègèh | Ki Bayi sru gumuyu | thir kapriye tuturmu Luci | matur tan sagêd nelad | badannya sakojur | gulu athoklak thaklikan | talorongan balêbêran pasêr gêni | rineka Kalana prang ||

331. Nuntên sabat kalih Jamal Jamil | ngêdalakên pangeram-eraman | têb-têban gabusan rame | mawi pêjah amujung | sirah pêcah ajur kang kulit | rahipun dêladagan | kang ningali gumun | nuntên ronggèng kalih (m)bêksa | anyindhèni tan adangu mayit tangi | nulya lir waunira ||

332. Kathah rekanya bêndholan arit | kinèn mêndhêt dawêgan sasanjang§ Prayoginipun / sajanjang /. | bêbêde kinarya (ng)gorèng | kacang lan gembol banyu | damêl (ng)godhog uwi gêmbili | Ki Bayi suka-suka | winartan agumun | angling ya besuk kewala | lamun ana lêgawaning ati benjing |§ Kirang sawanda, prayoginipun / lamun ana lêganing ati ing benjèng / [sudah betul: tanpa 'ing']. yata ing wayahira ||

333. Wusing bêdhug têlu ingkang wanci | nulya amêdalakên ambêngan | rolas ambêng gêdhe-gêdhe | kêndhuri sêkul wuduk | ulamipun lêmbaran pitik | kalawan sêkul kêpyar | kukuluban kudhu | sêkul gorèng pêcêl dowan§ Prayoginipun / dhowan /. | pêcêl ayam myang sajèn-sajèn pêtani | sadaya linorodan ||

334. Sêdaya kapang ngêpung kêndhuri | ki pangulu Basarodin (n)donga | mumule lan sêlamête | dinongan sadaya wus | gya binage ambêng waradin | jaba jêro kawratan | jalu èstri cukup | tan ana kang kaliwatan | sawusnya cinarikan binêkta mulih | wus manjing wêktu pajar ||

--- 5 : 225 ---

335. Kinênthongan ngumrês goprak muni | binêdhugan Subuh wayahira | myarsa adan ing masjide | santri samya lumayu | gumarubyug salat ing masjid | Kyai Bayi Panurta | angimami Subuh | sawusira bakda salat | Kyai Bayi kondur dèniring pra santri | lajêng lênggah mandhapa ||

336. Angandika marang ingkang rayi | Ki Panukma lawan Ki Panamar | katri lan Jayèngragane | padha dandana gupuh | parentaha sakèhing santri | prayoga (n)jênêngana | ing paningkahipun | Ki jamhur Sèh Amongraga | masjid gêdhe tatanên ingkang abêcik | kang rayi tur sandika ||

337. Dene sira kulup Jayèngragi | ingkang kidul mangsa bodho sira | rampunge barang rakite | lan wong magêrsarimu | prayoganên ingkang angiring | marang ing kakangira | ing paningkahipun | kang putra matur sandika | ngling mring garwa mareneya suntuturi | mijila ing pandhapa ||

TAMAT JILID V

NYANDHAK JILID VI

--- 5 : [0] ---

...

--- 5 : [0] ---

INGKANG NGGARAP LAN NGÊDALAKÊN SÊRAT CÊNTHINI LATIN

[Grafik]

KAMAJAYA, punika sêsinglonipun Haji Karkono Partokusumo, pemimpin umum Usaha Penerbitan Indonesia sarta pangarsaning Yayasan Cênthini ing Yogyakarta.

Pangangkahipun Sêrat Cênthini ingkang isi bab sadaya Pangawikan/Kabudayan Jawi (Ènsiklopèdi Kabudayan Jawi), sagêda kawaos dening ngakathah, langkung-langkung para mudha ingkang sampun botên paham aksara Jawi, jêr dèrèng wontên Cênthini ingkang Latin jangkêp satamatipun.

Kamajaya, inggih Karkono Partokusumo lair tanggal 23 Nopèmbêr 1915 ing Surakarta, sêkolah MULO sarta Taman Guru Taman Siswa. Wiwit taksih sêkolah, sampun rêmên ngarang, wêkasan ngayahi dados wartawan nasional, rêdaktur majalah Pustaka Timur lan Mustika ing Yogyakarta (1939), lajêng 'Percaturan Dunia dan Film' ing Jakarta, ngrangkêp rêdaktur Berita Umum, sêrat kabaripun Parindra (1939-1942) wakil pêmimpin rêdaksi 'Rakyat' (1945-1946).

Ing pergerakan nasional: Ketua IM Sala, Sekretaris Parindra Sala, Komisaris Surya Wirawan Jateng, Sekretaris Dep. Pengajaran Parindra, anggota PB Parindra (1936).

Ing jaman Jêpang rêdaktur harian 'Asia Raya', lajêng ing bagian pênêrbitanipun. Ing tahun 1943-1945 mimpin Sandiwara Caya Timur kalihan Anjar Asmara lan Ratna Asmara. Cariyos Sandiwara karanganipun 'Solo di Waktu Malam' kadadosakên buku (1950) tuwin film (1954). Buku karangan sanèsipun 'Sum Kuning' (1971) tuwin buku 'Perawan Desa' (1981) kaolah dados film.

Ing jaman revolusi phisik wontên ing Sala, mimpin PNI, Staf Divisi Barisan Banteng, lajêng kalêbêt staf TNI Brigade XXIV (1946-1948).

Taun 1948 nindakakên ayahan nylundupakên candu dhatêng Singapore kalihan Tonny Wen lan Subêno. Asilipun kangge wragadipun perwakilan RI ing Mancanagari, tumbas sênjata lan pêrcetakan. Sasampunipun uwal saking pambujungipun Walandi lan Inggris ing Singapore tuwin Bangkok, wangsul dhatêng Yogyakarta akhir Nopèmbêr 1949, katungka Yogya dipun jègi Walandi. Salajêngipun aktip ing politik (PNI, Akting Ketua DPRD-DIY, anggota Konstituante), ekonomi (Ketua KENSI, Konggres Ekonomi Nasional Seluruh Indonesia), sastra budaya (ngarang, cêramah, sarasehan ngantos tumut mandhegani Lembaga Javanologi/Yayasan Panunggalan).

Buku karanganipun basa Indonesia lan Jawi langkung 30 judhul. Kêkesahan dhatêng luar nêgêri: Mêsir (1958, Delegasi Ekonomi RI), Amerika Serikat (grant) lan kêliling Eropa (1959-1960), dhatêng Kuala Lumpur, Malaysia (1963), Ibadah dhatêng Mêkah 1958 (Umroh) tuwin Haji 1974.

Taun 1986 dipun sahakên dados Perintis Kemerdekaan (SK Mensos RI 3-5-1986 No. Pol/V/5/1986/PK.)