Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 6 : [0] ---

SÊRAT CÊNTHINI LATIN 6

YAYASAN CÊNTHINI YOGYAKARTA

--- 6 : [i] ---

SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS)

Yasandalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta

JILID VI

Kalatinakên Miturut Aslinipun dening KAMAJAYA

[Grafik]

Penerbit: YAYASAN CÊNTHINI Yogyakarta, 1988

--- 6 : [ii] ---

Pênêrbitan punika dipunwragadi dening Dana Banpres S.K. No. 030/8/Th.1988 Tgl. 29-2-1988

Babon ingkang kalatinakên

Sêrat CênthiniDitulis dengan huruf Jawa.

SÊRAT CÊNTHINI

Koleksi: Balai Kajian Sejarah Dan Nilai Tradisional Ditjen Kebudayaan Dep. P dan K Yogyakarta

Hak Cipta Dilindungi Undang-Undang

Penerbit: Yayasan Centhini

Pencetak: PD.Hidayat Yogyakarta

--- 6 : iii ---

PATHOKAN NGLATINAKÊN SÊRAT CÊNTHINI

Pathokan nglatinakên (transliterasi) Sêrat Cênthini kados ing ngandhap punika:

1. Dhasaring pathokan 'Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan', Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta 1977.

2. Pangalih-aksara muhung miturut aksara Jawinipun. Pramila wontên satunggal têmbung sêratanipun Latin warni-warni, kadosta:

sudigbya - sudibya;

masjid - mêsjid - masjit;

watak - watêk - watag.

3. Aksara Jawi kasêrat Latin:

caDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... c

daDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... d

dhaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... dh

jaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... j

yaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... y

nyaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... ny

thaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... th

4. Sandhangan swantên taling (eDitulis dengan huruf Jawa. ) dipunsêrat: /e/.

Swantên taling ingkang beda pamaosipun kalihan /e/, kasêrat kanthi tandha (diakritik) /è/, i.p. tumrap têmbung-têmbung ingkang kaanggêp pêrlu dipunsukani tandha, kadosta:

Èmpêr - èmpèr;

Lêmpêr - lèmpèr;

Gêgêr - gègèr.

5. Sandhangan swantên pêpêt (êDitulis dengan huruf Jawa. ) dipunsêrat /ê/.

6. Murih runtut saha gampil panglacakipun sabên pupuh dipunwêwahi angka urut: I, II (angka Romawi) sarta pada angka urut: 1, 2 lst.

--- 6 : iv ---

7. Angka urut kaca isining buku jilid 1 angka 1 dumugi tamating jilid 1, kaca 332. Ing jilid-jilid lajêngipun sabên jilid kawiwitan saking kaca 1.

8. Migunakakên têtêngêr:

( ): kangge ngapit perangan wêwahan, kadosta: (m)botên, (ng)gèr, (n)dadosakên.

(?): têtêngêr perangan ingkang mbotên cêtha utawi ingkang risak.

[ ]: ingkang wontên salêbêting têtêngêr punika, botên pêrlu kawaos.

9. Kalêpatan ing dalêm naskah, upaminipun: /gagal/ kaparingan tandha...*) ing wingkingipun, salajêngipun ing ngandhap wontên cathêtan (footnote): prayoginipun /gigal/ = dhawah.

--- 6 : v ---

ISINIPUN SÊRAT CÊNTHINI VI

Sêrat Cênthini jilid VI isi 15 pupuh, wiwit pupuh 357 dumugi pupuh 372 ... kaca 1-225

Urut-urutan saha gancaring cariyos kasbut kados ing ngandhap punika:

I. Sèh Amongraga kapundhut mantu Ki Bayi Panurta angsal Kèn Tambangraras, pinahargya dening para sanak kulawarga

1. Sèh Amongraga nyuwun pahargyanipun sampun ngantos mawi cara maksiyatan. Lampahing upacara paningkah kawiwitan pêngantèn èstri kapingit. Salajêngipun sasaji jangkêp. Têtiyang ingkang sami ambiyantu sadaya kaparingan pangangge enggal. Tangga-têpalih sadhusun lan sakiwa-têngênipun Wanamarta nyumbang, lajêng jagong mangangge sarwi sae, langkung-langkung para mudhanipun. Sumbangan tumpuk-tumpuk, wontên ingkang nyumbang maesa, lêmbu, banyak, bèbèk tuwin ayam. Kangjêng bupati ugi paring sumbangan kathah arupi uwos sarta maesa, lêmbu, menda, iwèn, tuwin arta. Tiyang nyambut damêl sakalangkung rame, binarung swantênipun para têtiyang èstri sami ucal-ucal rêratêng. ... kaca 1-17

2. Pêngantèn putri Kèn Tambangraras dipundandosi, wiwit dipunlulur dening abdinipun nama Cênthini, lajêng dipunpaèsi engga dipundandosi sakalangkung èdi. Abdi Cênthini dipundandosi

--- 6 : vi ---

minangka patah. Ki Bayi Panurta lênggah ing pêndhapi ngagêm sinjang kêling, sabuk sindur ngagêm jubah pêthak jangkêp dalah tasbèh tuwin golokipun, kulukan bathokan. Garwanipun Ni Malarsih ngagêm pantês, sinjang sêmbagi ijêm, kasêmêkan sindur. Para kulawarga sami mangangge sarwi endah. Para tamunipun kalêbêt para dêmang, lurah lsp. tuwin pangulu sarta para santri sami mangangge sarwi mirunggan ing sagadhahipun. Busana manekawarna damêl asrining pasamuwan. Pangantèn kakung Sèh Amongraga mangagêm sarwi pêthak, kulukipun ugi pêthak, ngasta tasbèh manik toya, tanpa golok. Pangantèn kakung saking griyanipun Jayèngwèsthi, kairing para sadhèrèk kulawarga sarta para santri kathah, kanthi têrbangan. Para pangiringipun mangangge mawarni-warni anambahi asrining pahargyan. Sadaya agêman manut jamanipun lan tatacaranipun. ... kaca 17-33

3. Ijab paningkahipun Sèh Amongraga, rombongan bidhal mêthuk pêngantèn kakung. Ki Bayi sapandhèrèkipun laju dhatêng mêsjid badhe papaning paningkah. Sasampunipun pangantèn kakung dumugi ing mêsjid sarta lênggah sawatawis, Ki Pangulu majêng aningkahakên pangantèn sinêksenan para saksi, wêkasan maos donga. Sasampunipun paripurna, Sèh Amongraga salaman kalihan Ki Bayi sarta sujud ing pangkonipun pinisêpuh Buyut Kyai Wanahita, lajêng salaman kalihan Ki Pangulu. ... kaca 33-34

4. Ki Bayi dhawuh ambikak sêsanggan sêkawan bokor, isi pisang, jambe, sêdhah, salawat 25 reyal sasisih. Kangge pangulu 25 reyal, ingkang 17 reyal kabagi kangge saksi tiyang kalih, ingkang 8

--- 6 : vii ---

reyal kangge santri kalih ingkang sami nata ubarampening ningkahan.

Nusul wêdaling ambêng agêng-agêng, lajêng dipun-dongani, sinauran amin mawurahan. Ambêng kabagi waradin. Para tamu dumugi santri alit-alit sami nêdha bêrkat, mawarni-warni solahipun. Para santri alit-alit rêbatan têdha, sawur-sinawur lsp. Adamêl rêgênging pasamuwan. ... kaca 34-35

5. Pangantèn panggih: Pêngantèn putri mangangge miturut tatacaranipun tiyang kacêkapan: sinjang alus gênis pêthak bathikan sêmèn parangtritis, sabuk singsêt, ngajêng pinalipit rêmit, sêsupe jamrut mirah, sêngkang panunggul intên bumi lan sadayanipun sarwi èdi endah anambahi sulistyaning warni sumorot mawa cahya. Ni Cênthini dipundandosi ugi sarwi endah tambah katingal ayunipun.

Pangantèn kakung dipunarak sarta dipuniring mawi têtabuhan salawatan singir, rame ginarubyug dening sanak sadhèrèk. Sèh Amongraga tansah dhikir, katingal sakalangkung wingit. Samargi-margi kathah sangêt tiyang ingkang ningali, jêjêl uyêl-uyêlan. Dumugi sangajênging pandhapa kèndêl, ngêntosi iringan pêngantèn putri mêdal saking griya wingking. Nikèn Tambangraras kaapit dening ingkang ibu tuwin Cênthini. Ing wingkingipun, Ni Turida lan Ni Rarasati.

Sèh Amongraga kaapit dening Ki Bayi Panurta ing kiwa lan ing têngênipun Jayèngraga tuwin Jayèngwèsthi.

Panggihipun pêngantèn ing têngahing kontên, pêngantèn kakung lan putri balang-balangan gantal. Tigan kaêkum ing bokor toya sêtaman, tigan kapêcah, toya kasiramakên saha katètèsakên [katètèsa...]

--- 6 : viii ---

[...kên] ing êmbun-êmbunipun pêngantèn sakalihan kaping tiga.

Pengantèn putri lajêng mêndhak nyêmbah pêngantèn kakung. Wasana pêngantèn sakalihan dipunkanthi lumampah tumuju palênggahan sangajênging krobongan.

Ki Bayi Panurta lênggah ing têngah. Ni Cênthini botên têbih saking lênggahipun pêngantèn putri saengga kathah ingkang rêraosan prasasat Cênthini ugi dados pêngantèn. ... kaca 35-40

II. Sabibaripun upacara panggihing pêngantèn

1. Sawatawis santri sami têrbangan ririh. Sasampunipun kasêgah unjukan lan dhaharan, lajêng bibaran pêrlu solat maghrib. Bakda solat wangsul malih pêrlu ngrakit kênduri wujud dhaharan kanthi ulam-ulaman pêpak tuwin gudhangan kuluban, sadaya wontên 50 ancak.

Bakda Ngisa Ki Bayi Panurta rawuh saking mêsjid kairing para santri, têrus dhatêng ing griya wingking. Sasampunipun lênggah, Sèh Amongraga majêng angabêkti dhatêng Ki Bayi sarta sêsalaman kalihan para pandhèrèkipun. Wêkasan kasusul Nikèn Tambangraras mujung dhatêng Sèh Amongraga, lajêng dhatêng rama ibu dalah para pinisêpuh. Kasambêt ing donga. ... kaca 40-47

2. Ki Bayi mêdal majêmukan ing pandhapi. Kêndhuri dipun dongani kyai pêngulu, lajêng sami dhahar. Para sêpuh sami dipun ladosi. Sinambi dhahar Kyai Wanahita dhawuh bab kasiyatipun ulam kewan slira, landhak, lsp. Salêbêtipun dhahar sami gêgujêngan sarwi pakantuk.

Ing griya wingking Sèh Amongraga nyuwun dhatêng ingkang ibu marasêpuh, supados pasrèn Lara-bonyo lan sajèn-sajèn dipunbucali, amargi punika [pu...]

--- 6 : ix ---

[...nika] kalêbêt brahala dados alanganing ngèlmu. Wêkasan lajêng dhahar sêsarêngan. Sèh Amongraga dhaharipun sakêdhik sangêt, makatên ugi Nikèn Tambangraras. ... kaca 47-55

III. Sèh Amongraga mêjang ngèlmu agami

1. Sèh Amongraga nyuwun pamit badhe solat ing mêsjid. Sasampunipun wudlu, lajêng dhatêng ing tajug solat sunat sukril wudlu, sunat tahiyatul masjid, sunat kiparat 12 rakangat sadaya kathi tartib, wêkasan maos slawat, nindakakên wirid, sadaya kanthi khususkhusuk. bêblês dumugi ing raosipun, jumbuhipun sêmbah lan puji, nalangsa nyuwun pangapura dhatêng Pangeran. Lajêng andêdonga sukur dhatêng Allah tuwin Rasul. Wêkdal lingsir, kondur. ... kaca 56-58

2. Sèh Amongraga manjing pasareyan, amrayogèkakên ingkang garwa supados sare ing tilamsari amargi mêsthi sayah sasontên tanpa kèndêl. Nikèn Tambangraras sar-saran manahipun, matur supados ingkang raka kemawon sare ingkang sakeca, awakipun trimah wontên ing jawi. Astanipun Tambangraras katarik sêsarêngan manjing pasareyan, samir katutup.

Sèh Amongraga mêjang garwanipun bab ngèlmu agami, bab sajatining sahadat, rukuning salat, dununging raos sêjati, kuwajibaning èstri, pasrah dhiri dhatêng kakungipun wilujênging palakrami. Ing salêbêtipun Sèh Amongraga mêjang garwanipun, Ni Cênthini tansah nênggani ing sacêlaking pasareyan sarta mirêngakên sadaya pangandikanipun Sèh Amongraga.

--- 6 : x ---

Enjingipun sami kêmbul bujana. Ni Malarsih andangu Nikèn Tambangraras punapa sampun kêmpal apasihan kalihan Sèh Amongraga.

Wangsulanipun sadalu kawêjang ngèlmi. Salajêngipun Ni Malarsih paring pitutur dhatêng putranipun bab susilaning akrami. ... kaca 58-70

3. Wontên tiyang pitu sami numpak kapal saking Grêsik, Surabaya, Sidayu, Tuban, tuwin Rêmbang pêrlu ngaturakên sumbangan arta saking para putra muridipun Ki Bayi Panurta. Ing pandhapi lênggah para ngulama. Ki Bayi dhawuh dhatêng Sèh Amongraga supados nêrangakên muradipun kitab Ibnu Kajar. Sadaya sami mirêngakên katrangan bab isinipun kitab wau kanthi dalil-dalil ingkang dipun maknani, bab: lênggahipun rasul, salat sunat, salat wajib lan kifayah sarta fardhu. Lajêng sami dhahar, Ki Pangulu klêlêgên êri tambra, Jamal Jamil suka sarana pamberating klêlêgên satasarta. caranipun nêdha ulam toya kawiwitan saking sirahipun. Sadaya lajêng sami dhatêng mêsjid pêrlu salat luhur. Wangsul lênggahan, Ki Bayi Panurta dhawuh para rayinipun ngupados griya ingkang sae lan pantês kangge Sèh Amongraga. ... kaca 70-84

4. Sasampunipun sami kundur, Sèh Amongraga kadhèrèkakên garwa manjing panêpènipun griya tajug ing wingking, Nikèn Tambangraras kadhawuhan maos Kur'an dening kakungipun. Sèh Amongraga nêrangakên utaminipun ngaos, pêrlu mangrêtos kir'atipun. Kasambêt katrangan bab wêkdal manjingipun lan palêthèking surya, ugi bab manjingipun dalu dhatêng raina. Ing wêkdal bakda asar tuwin bakda subuh botên prayogi manawi tilêm. ... kaca 85-89

--- 6 : xi ---

IV. Pahargyan pêngantèn ing griyanipun para krabat

1. Pêngantèn sakalihan kaboyong dhatêng griyanipun Jayèngwèsthi kairing sanak kulawarga. Pinahargya kanthi sêsingiran tuwin kêndhuri.

Sèh Amongraga dhatêng langgar, solat sukril wulu lan sanès-sanèsipun. Lajêng dhikir mawantu-wantu. Ing tilam-sari mêjang garwanipun bab salat pêrlu lan sawarnining salat dumugi lampahipun para nabi tuwin wali lan sipat kalih dasa Sèh Amongraga kapranan ing kasêtyanipun Cênthini, wasana badhe kawucal Têpsir. ... kaca 90-165

2. Ing pandhapi wanci bêdhug tiga sami bibaran. Jayèngraga mondhong bojonipun badhe karasuk kapambêng sawêg kèl, makatên ugi para sêliripun, dalah ronggèng Suratin ingkang badhe karabasa, sawêg sakit padharan. Wasana napsunipun dipun ladosi ronggèng Sênu. ... kaca 117-122

3. Wêkdal Subuh ing Wanamarta sakalangkung rame, adan sêsauran binarung ungêling pêksi tuwin iwèn lan lare alit sinau ngaos. Bakda Subuh ing Jayèngragan rame tiyang nyambut damêl warni-warni badhe ngadani ngundhuh pêngantèn. Ing pandhapi katabuh gamêlan Alun-jaladri sakêlangkung ulêm nganyut-anyut swantênipun. Nanging ila-ilanipun gamêlan wau bilih kaangge mahargya palakrami, pêngantènipun ing wêkasan pêgat-mati Jayèngraga ngundhuh pêngantèn, sadaya mangangge anèh-anèh anggumujêngakên.

Rawuhing pangantèn laju dhatêng ing pajangan, lajêng dhahar kêmbul.

Dalunipun sabibaripun salat sêsarêngan kawontênakên pahargyan. ... kaca 122-164

--- 6 : xii ---

4. Nalika ing pandhapi kawontênakên pahargyan sakalangkung ramenipun, Sèh Amongraga dalah garwa tuwin Ni Cênthini sami wontên mêsjid panêpèn.

Salajêngipun Sèh Amongraga ngandika sukur maring Allah dene ingkang garwa tuwin cèthi sampun sagêd nampi tuntunan-tokidipun. ... kaca 164-165

5. Têtingalan ing pandhapi sakêlangkung ngedab-edabi, singir, emprak main obong-obongan sarta sulapipun JamilJamal. Jamil damêl gawokipun ingkang sami ningali.

Wêkasan lajêng kêndhuri sarta dhahar kêmbul. Salêbêting dhahar, kasêling lêlagon bab wontêning sêkar Kakawin, Sêkar Agêng, Têngahan tuwin Macapat, kalajêngakên nyêkar Agêng, dadosa tuntunaning para dhalang.

Sasampunipun paripurna, taksih kasambêt singiran lan jêjogedan, ngibing mawi tombok arta, ngantos dumugi ndungkap Subuh. ... kaca 166-204

6. Ing palêrêman Sèh Amongraga ngandika dhatêng ingkang garwa bab lampahing suhul kêdah kaangkah lobok lanyah. Lanyahipun saking: 1. sarengating wirid; 2. tarekating wirid; 3. hakekating wirid; tuwin 4. makripating wirid. Satunggal-satunggalipun katêrangakên kanthi wijang.

Lajêng kawêdharakên gaibing Allah ngantos sajatining kawula Gusti, punika namung sagêd kacakup dening para mukmin. Lampahipun botên kenging nalimpang, wêkasan sagêd mangêrtos dhatêng jatining Pangeran. Sadaya wêjangan damêl padhang tarawanganing manahipun Nikèn Tambangraras. ... kaca 204-212

--- 6 : xiii ---

V. Petangan Kurup tuwin Wuku

Byar enjing ingkang trêbangan ing pandhapi sami bibaran. Para ingkang ngayahi pakaryan damêl têtingalan sami andum arta angsal-angsalaning tombok, lajêng sami nêdha kêmbul sakalangkung pakantuk. Jamal Jamil suka pitêdah dhatêng Ki Pangulu jampining sakit encok tuwin bêlaking suku.

Sèh Amongraga nêrangakên petangan tanggal kanthi dhasar kurup Kamsiyah, Arbangiyah tuwin Jumangiyah. Lajêng wiwit nêrangakên bab Wuku. ... kaca 212-225

--- 6 : xiv ---

...

--- 6 : 1 ---

SÊRAT CÊNTHINI VI

357. Mijil

1. Sigra kang garwa Nikèn Malarsih | lampahira alon | praptèng ngarsa amipit silane | jatmikane sêmune awingit | tingkah ngati-ati | ketange yèn luput ||

2. Tekad tinawajuhkên ing ati | lumampah sapakon | tan purun ngrumiyini karsane | pan kumambang wisesaning laki | tan watak nisani | ing wuwus myang catur ||

3. Solah-bawa angganya sadêrmi | narah tan rumaos | andarbèni ing tyas sêndhêt sèdhèng | mung sumangga sakarsaning laki | jrih durakèng akir | apanggih papa gung ||

4. Pan mangkono wong wadon prêmati | gêng bêgjaning wuwoh | yekang kaya Malarsih anggêpe | anut runtut nora mêmalangi | muwuhi kamuktin | marang kakungipun ||

5. Aningali mring garwa kiyai | angandika alon | sutanira Ni Tambangraras-e | paningkahe iya mêngko wanci | Ngasar sangatnèki | Amad-e§ Prayoginipun / Ahmad-e /. kang luhung ||

6. Sutanira rêsikana nuli | pêsajan kang munggoh | paesana lêlorodan bae | mung busana patutên kang bêcik | wiwida ywa mawi | cicithak kêncênthung ||§ Prayoginipun / cicithak cêcênthung /.

7. Myang lêlatha pêpêtha thi-athi | iku aja nganggo | aywa kaya maksiyat carane | apan cêgah ngèlmu tan pakolih | kapindho manawi | dudu parêngipun ||

8. Kang kinarsan Ki Sèh Amongragi | krana Lah kemawon | malah kaya mung samene kiye | kaya-kaya nora amarêngi | bêcik anjurungi | ing sakarsanipun ||

--- 6 : 2 ---

9. Pan panggawe ing sadina iki | kabèh abon-abon | rampungana apa ing adate | parabote wong amunggah haji | aja kongsi sisip | kêkuranganamu ||

10. Nikèn Malarsih umatur inggih | sandika ing pakon | bêrkah tuwan tan wontên kang kèthèr | sampun mirantos sadaya sami | mung kantun kêndhuri | ingkang dèrèng rampung ||

11. Ya wis mangsa bodhowa sirèki | saliring pakèwoh | aywa nganti kakurangan kabèh | amung kari ing sadina iki | tan mêmêkas malih | hiya mumpung esuk ||

12. Mundur saking ngarsa Ni Malarsih | ingiring pra wadon | pan anjujug ênggonne putrane | Nikèn Tambangraras kang piningit | apan wus tri ratri | catur dhahar turu ||

13. Lir pradapa sinêmpal ngawêngi | lorod wênês ijo | angga-angga citra anglêlêntrèh | trah turase kang ngèlmu mawingit | rêpiting pangarsi | angganthêng nganguwung ||

14. Sarwi sêdhêng pangadêg rêspati | tan ana winaon | antêng adi wuwuh jatmikane | rema kêbês mêntas dèn-jamasi | jamusing waja lir | laring kumbang gêmpung ||

15. Tasik wawalêran bae nipis | pasaja yèn tinon | sinjang seta limar sêmêkane | rasukan takwa sêmbagi kuning | pangangge tan pati | wus masêm asêmu ||

16. Ingkang ibu prapta ing gyannèki | Tambangraras anon | gupuh mingsêr mudhun saking (ng)gonne | wus pinarak wau Ni Malarsih | angandika aris | adhuh atmajèngsun ||

17. Timbalane pan ramanirèki | dhawuhe maring ngong | kinèn angrêsiki mring sira (ng)gèr | tan linilan trap paès pipidih | lêlatha thi-athi | cicithak cêcênthung ||

18. Panjaluke Ki Sèh Amongragi | karsane mangkono | aja kaya maksiyat carane | mung krana Lah bae dènkarsani | kapindhone lagi | kawingitan kalbu ||

19. Dadya ramanira angrojongi | sakarsane winong | pan angrasa bêgja mring sira (ng)gèr | krama antuk ngulama trang ngèlmi | sru sukur ing Widi | ing pandonganipun ||

--- 6 : 3 ---

20. Sumpêg dhêdhêl tyas dening sirèki | mêngko wus cumêplong | lir punagi ya saking bungahe | yèn ta aja kêpagol ing kingkin | -nira Sèh Mongragi | kaya numbuk bêntus ||

21. Pasthi ngaturi para priyayi | anggêdhèkkên dhayoh | nganggo bubak kawah tumpak-ponjèn | mung pinupus utamaning ngèlmi | sunat maksiyati | ngundhakkên têkabur ||

22. Tambangraras sangsaya awêning | tyasira sumorot | pan sumrowong mindhak mèntèr antèr | tar pêpêka tyas mring maksiyati | raosing tyas kadi | kacondhongan jumbuh ||

23. Matur mring ibunira aririh | kawula sayêktos | paminipun cinara pangantèn | ing ngadesa kang limrah nglimrahi | mawi klênak-klênik | kula botên sukur ||

24. Dados rubêd rubeda ing budi | badankula mopo | katujunipun wontên ingkang rèh | kalêrêsan botên mawi-mawi | yèn mawiya pêsthi | tan wande (m)bêguguk ||

25. Ni Malarsih gumujêng ngling aris | dhuh sutèngsun babo | nora nyana yèn kabênêrane | manira sêngguh tyasira mutik | ing mêngko wus nunggil | dhenok sukur-sukur ||

26. Mugi sira jinurung ing Widi | santosamu wuwoh | pira-pira nugrahan tibane | maring sira ilhame Hyang Widi | manawa nyaloni | lukitaning luhung ||

27. Ingkang putra matur nuwun mugi | amanggiha yêktos | sabda ibu nastijaba mangke | pandongane ramèbu kapundhi | pan kawula dêrmi | anglampahi tuduh ||

28. Tambangraras ingaras (m)bunnèki | suryasarya = sambil. (m)barêbêl loh | dhuh sutèngsun woding tyasku anggèr | iya-iya muga-muga nini | sinihana Gusti | Pangeran kang Agung ||

29. Nulya ngandika nuduh ing cèthi | Sumbaling sunkongkon | undangên si bibi Daya kae | nèng pajangan kang tunggu pêtani | wong tuwa (m)bêrkahi | ingkang§ Prayoginipun / ika /. kang wus tau ||

30. Amaèsi pangantèn priyayi | ya ninèkmu dhenok | pan sêlire dipati [di...]

--- 6 : 4 ---

[...pati] swargine | Wirasaba mulane si bibi | nèng kene nut kyai | dadi kadang katut ||

31. Tambangraras aturira inggih | kang tinuding gupoh | tan adangu ni Daya praptane | mungging ngarsane Nikèn Malarsih | angling mila bibi | wayahe puniku ||

32. Ngalap bêrkah andika pahyasi | lorodan kemawon | datan mawi pêtha lalathine | cêthak cênthung trap pidih tan mawi | mung angimpun alis | wulu puhunipun ||

33. Ngênca kêncênging kêtêp malipit | ngilang wulu kalong | ingkang ana ing ngarsa wurine | pinrih maya-maya kulit rimpi | rampinging pangaksi | supaya sumunu ||

34. Tuwin sadadosipun ing mangkin | bibi mangsa borong | kula sampun pitaya pênêde | kang sumurup mring karsane kyai | krana Lah kang pinrih | ingkang mara sêmu ||

35. Ni mbok Daya pamuwuse inggih | sampun walangatos | kula angkah-angkah prayogine | Ni Malarsih nuduh mring Sumbaling | enggalna tumuli | sajèn-sajènipun ||

36. Panggang tumpêng cara jênang abrit | lan kalapa uwos | gêdhang ayu suruh ayu jambe | gambir bako mênyan sarwa bêcik | lan (n)jupuka dhuwit | tindhihe nêm suku ||

37. Warnan pasar iya kang mêpêki | ayam urip babon | klasa bangka anyar lan palèmèk | jarik kêkêmbangan bathik lurik | kang pêpak swarnaning | among aja kantun ||

38. Lan godhong kluwih ginawe linggih | myang rujak carobo | dupa diyan sumêtên kang mèntèr | yèn ana kêlalènku Sumbaling | takona si bibi | ladènana gupuh ||

39. Ni Sumbaling aturira inggih | ngomèl sarwi jomblong | akèh têmên klênak-klênike |§ Kirang sawanda, prayoginipun / klênak-kalênike / [sebaiknya: kalênak-klênike]. kinumpulna kèh pêngajinèki | ana rolas anggris | kalamun dènetung ||

40. Ingsun mujur plemèk bae yèn wis | dene mumah-mumoh | gitik trohi nyai Daya kuwe | agumujêng duka Ni Malarsih | ora têka gêlis | pijêr akumrusuk ||

--- 6 : 5 ---

41. Ni Sumbaling pan kaya têmbaling | prentah maring wong-wong | kinèn mundhut pêpaking sêsajèn | tan adangu wus samêktèng sami | katuran ing ngarsi | kang bêkta andulur ||

42. Campur-bawur myang sêkar tulyasri | sêtaman nèng bokor | Ni Malarsih arum andikane | kula-tilar mangsa-borong bibi | kula angrumati | karya liyanipun ||

43. Ni-bok Daya turnya (ng)gih prayogi | mugi kang pitados | dan lumampah ingiring rencange | anjênêngi kèh kang nambutkardi | kang dèrèng ginêlis | kang uwus tinunggu ||

44. Maring wisma mundhut jarit-jarit | sinungkên pra wadon | wiyar ciyut wradin sêdayane | kang santana miwah magêrsari | kinaot pêparing | undha usukipun ||

45. Jalu èstri pan samya pinaring | pêsalin sabobot | têlas sinjang nêm kodhi kathahe | wiyar ciyut wus dinum jalwèstri | mangkana kalaning | wontên wong martamu ||

46. Anak putu ing Wanamartèki | sadaya punang wong | jalu èstri pan padha êmbyake | sumawana pêtinggi jalwèstri | samya nadar bêkti | ngaturkên pamunjung ||

47. Mring (n)Jêng Kyai Bayi Panurtêki | dènnira mêmanton | panggraitanira sêdayane | pupungkasan dènya nambut kardi | putrèstri sawiji | dinama ingugung ||

48. Kusung-kusung sami niyatnêki | tangkêbe babyanton | samya amrih katon dhewe-dhewe | jalu èstri anymbanganyambang. pribadi | katrima-a dening | sakaliyanipun ||

49. Ing (n)Jêng Kyai tuwin mring (n)Jêng Nyai | kabèh pan mêngkono | tur tan ana pinardi sumbange | samya thukul nadare pribadi | kang sugih myang miskin | pan sami dènipun ||

50. Ingkang nyumbang wiwit byar anggili | samya jodhon-jodhon | amêrabot sabobot pêngangge | kang tan duwe sakadarirèki | wong kang sugih-sugih | sêmuwa dinulu ||

51. Jor-jinoran busana di-adi | rare pinarabot | pan rinukmi rummi§ Prayoginipun / rinukmi-rukmi /. pênganggone | samya bêkta panganan mawarni |

--- 6 : 6 ---

nèng dhulang tup saji | bobokoran munjung ||

52. Miwah jodhang sinarêbèt putih | myang jodhang ginodhong | ancak kodhok angkring lawan jolèn | samya inginthilan bèbèk pitik | kang banyak kêbiri | wênèh ingkang wêdhus ||

53. Ingkang kidang mênjangan myang sapi | gudèl pêdhèt kêbo | sabên wong kang numbangnyumbang. bêbêktane | pangiring sêmbêlèhanèki |Kurang satu suku kata: pangiringing sêmbêlèhanèki. rekanira kadi | sêmayan sadarum ||

54. Kang panganan pangiringing èstri | ngarsa bêktèng bokor | sinamiran antakusumane | ingkang nampa rare busanadi | kinarya di asri | pangiriding laku ||

55. Wênèh patadhahan kang sinamir | kang garwa pinrabot | pra rarèstri kang anampa kabèh | kang anyumbang samya ngangge kêling | jarijya li-ali | mirah intên tajuk ||

56. Kang maksih nèm sêngkangan tulyasri | pênunggul rinoyok | intên byur myang sêkar sêtamane | abra markata awarni-warni | jalu lawan èstri | mompyor mubra-mubru ||

57. Palawija kinarya pangiring | ing wong lanang mêngko | kabèh samya kinalungan lawe | anyatukêl nadyan pitik siji | sinarimpung dening | ing lawe sagêmuh ||

58. Ingkang ngirid lare jalêr sami | jêjaka mêrabot | prajuritan kotang baludrune | abangkol mas sabuk cindhe abrit | bêbêt limar-wilis | sinerong cinancut ||

59. Akris landheyan prasu pinodhi | pêndhok ngunir bosok | sruwal sangklat brit panji-panjine | ikêt rendan jêplakan brèh kuning | anggagas mrêjurit | sarwi nuntun wêdhus ||

60. Miwah kang rapèkan golang-galing | udhêng-gilig jarot | kotang sangklat ijo renda jêne | kris cara Balèn cara pangrukmi | ukiran kêndhit tri | brêngos wulu lutung ||

61. Borèh kuning-garut tan mêdèni | jadhug nuntun kêbo | wênèh jaka kulambi balênggèn | asikêpan baludru lilincis | sabuk cindhe wilis | brêngos lèmèt angus ||

62. Bêbêd polos ikêt jingga manis | adu-mancung pênyon | singsêtane githok mawi koncèr | pêndhok bunton kris landhèyan

--- 6 : 7 ---

miling | bêsus ngêrik alis | sarwi nuntun lêmbu ||

63. Pan sadaya jêjaka kadyèki | samya marong-marong | sarwi kêling sarwa rukmi kabèh | ing anake sudagar wong grami | wontên bêktèng pitik | anèng wurinipun ||

64. Bapakira pribadi pan sami | tan pae mêrabot | warna-warna saduwèk-duwèke | kang prajuritan kang cara santri | ingkang cara Bugis | cara Madurèku ||

65. Êndi kang wus dènambah agrami | carane ing kono | pan tiniru-tiru panganggone | pra sudagar samya anutugi | panganggenirèki | ancung rêbut unggul ||

66. Datan carub sapangkatirèki | bêbrayatan golong | kang sudagar sami sudagare | ingkang kriya sami kriyanèki | dhalang lawan gêndhing | niyaga akumpul ||

67. Kang blantikan pan sami bêlantik | tan ana uwor soh | sabangsane maju barêng gêntèn | kêrig-lampit wong sadesa prapti | kang miskin tan isin | ing sakuwatipun ||

68. Datan etang mung godhong salêmpit | myang bêras satompo | kayu satikêl ingaturake | sami cipta marang (n)Jêng Kiyai | putrèstri sawiji | wêwakasan mêmantu ||§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / wêkasan mêmantu /.

69. Mila samya darbe nadar sami | sakadare kang wong | wus mangkono sadaya kajade | datan ana kang tumambuh siji | wong kang sugih-sugih | lumampah andulur ||

70. Dupi prapta palataranèki | jalu èstri nyero | ingkang èstri lajêng mring dalême | dene para jalêr mring pêndhapi | samya bêkta anggris | sadaya kinandhut ||

71. Ambrêngangang nèng pandhapa asri | busanane mompyor | samya akris cra pangudhal mele§ Prayoginipun / panggudèl mele /. | kèh ukiran sagolèk gêngnèki | krahing rukmi§ Prayoginipun / krahèng rukmi /. wus lir | buta prang anggrêgud ||

--- 6 : 8 ---

72. Ki Murtala Ki Gopa Ki Pêthi | Ki Gandhang Ki Lundhong | Kyai Dêrmayuda kyai Gobès | Kyai Kêrta Lamba Jagapati | Ki Bênthang Ki Kêcil | Ki Bapang Ki Kuwu ||

73. Ki Jumêna Jêmpina Sêmbagi | Ki Dhoplang Ki Polong | Kyai Jamblang Ki Bopong Ki Kènthèng | Ki Balêndhang Ki Mêdhang Ki Canthing | Ki Brarêm Ki Brahim | Ki Kulur Ki Lêngur ||

74. Kyai Padhangbulan Ki Sêntagi | Kyai Singabarong | Kyai Mênthak Ki Kêblak Ki Cothèk | Kyai Pandhak Ki Galak Ki Klithik | Ki Kathik Ki Pathi | Ki Bathok Ki Bathuk ||

75. Kyai Jambang Ki Jumbêr Ki Kadir | Ki Sêmbong-dhungaron | Ki Trênggunèng Ki Gulêng Ki Sole | Kyai Mêrdi Ki Kolih Ki Wakil | Ki Pênggik Ki Sidik | Ki Gugut Ki Kêtul ||

76. Ki Jakrêndha lawan Ki Sumêndhi | Ki Gondrong si Sêndrong | Kyai Imayuda Kyai Gombrèng | Kyai Tajêm Ki Jênjêm Ki Mubin | Kyai Andhamohi | Kyai Jagasatru ||

77. Pak Rajiyah pak Rumiyah tuwin | pak Kijah pak Barong | pak Budiyah pak Klimah pak Mèdèng | pak Salbiyah pak Mirah pak Rajin | pak Imran pak Yasin | pak Garêm pak Rêmu ||

78. Pak Banikêm pak Trikêm pak Kêmis | pak Têmas pak Dêrbos | Ki Sampura Ki Jalipurna-ne | Ki Jêpara Ki Sapura tuwin | Ki Taman Ki Amin | Ki Panjangjiwèku ||

79. Ki Lawatan Ki Jugah Ki Tikyik | lan Kyai Malambong | Ki Pangirat Ki Noja Ki Jaèt | Ki Budiman lan Kyai Baudin | Ki Bandha Ki Kabir | Ki Bandhung Ki Canthur ||

80. Kyai Sukadana Ki Wardadi | Ki Bengkong Ki Bonong | Ki Pandaya Ki Baga Ki Kurnèn | Kyai Malangjiwa Malangsari | Kyai Purasari | Ki Putu Ki Mantu ||

81. Ki Sêkarpêthak Ki Kêmbangkuning | Ki Sawo Ki Suro | Ki Dhadhapan Ki Warga Ki Tompe | Ki Rubiya Ki Candra Ki Widhig | Ki Garuta tuwin | Kyai Sapugarut ||

82. Kyai Jêbad lan Kyai Kasturi | myang Kyai Salobok | Kyai Pusparana Ki Sêntagèn | Kyai Pusparaga Puspanjali | Kyai Talipranti | Kyai Tali-datu ||

--- 6 : 9 ---

83. Kyai Puspajiwa Puspandhali | Kyai Tali-wangkong | Tali-kapa kyai Tali-rante | Kyai Tali-monce Tali-kambil | Kyai Tali-sutri | Kyai Tali-têmbung ||

84. Kyai Rêmbêt Kyai Pêt Ki Pêrti | myang Kyai Balongsong | Ki Pramada Ki Jadrêma-gumbrèng | Ki Purwaka Purwanggan Wira Ki | Kyai Wiragati | Kyai Margaewuh ||

85. Prabadrana Prabajaya Kyai | Pratima Ki Gêdhong | Ki Jumiyah Kyai Basiahe | Kêrtisêdana Ki Sokanandi | Jumilah Ki Rubi | Ki Jamur Ki Ganjur ||

86. Kyai Galang Ki Kalang Ki Kalim | Ki Jongkang Ki Gonjong | Kyai Sutajiwa Kyai Pèrès | Ki Calura Ki Gombak Ki Mêtri | Ki Jungkung Ki Kunthing | Ki Dhapur Ki Dhampu ||

87. Kyai Banjayuda Ki Panjari | Kyai Rêngga-ganggong | Kyai Hanggadipa Hangga-thithe | Kyai Mara Kyai More-Mori | Limaran Ki Guling | Kyai Condhongcampur ||

88. Kyai Rêban Ki Rêmbên Ki Rêndhik | Ki Sèmbong Ki Songsong | Ki Mangkurah kalawan Ki Gêbèl | Ki Panjala lawan Ki Panjalin | myang Kyai Walulin | Kyai Cakra-wêdhuk ||

89. Samya majêng matur gênti-gênti | nêmbah matur alon | kang punika kawula wiyose | sumapala angaturi bêkti | kunjuka (n)Jêng Kyai | patumbasing apu ||

90. Pan mangkana aturira sami | (n)Jêng Kyai nglingnya lon | iya bangêt tarimèngsun kabèh | muga-muga brêkata kang kari | salamêting urip | kang padha rahayu ||

91. Tinampanan pasumbangirèki | sadaya punang wong | kang rong reyal têlung reyal wênèh | matang reyal limang reyal nênggih | sakêdhike sanggris | pra sudagaripun ||

92. Magêrsari myang para pêtinggi | kang nyagak pat recon | samya ngaturakên pasumbange | ingkang nyuku ingkang jampêl tuwin | tigang sêka sanggris | kêdhike nyatangsul ||

93. Nulya sinugatan sadayeki | para numbang kang wong | sarta brêkatane nèng teboke | sadangunya kang numbang nis prapti | tan beda turnèki | lan wangsulanipun ||

--- 6 : 10 ---

94. Kang parèstri malbèng dalêm sami | mêrabot dikaot | sakadare wong desa pamère | samyambêkta rare jalu èstri | mabusana rukmi | anak-putu buyut ||

95. Ingkang sugih nganggo jamang sumping | kalung sungsun badhong | kalung dirham kokodhokan slêpèn | kuku sima pinodhi rinukmi | myang kalung li-ali | lang-alang sakapung ||

96. Kinanthèt têpung samya li-ali | myang mirah sabêton | kalung picis mas kang anggris cènthèl | binggêl kêlatbau anting-anting | cundhuk-suri rukmi | miwah srumbung kuncung ||

97. Samya apipinggang apêpênding | slêpe cathok kroncong | sarwa kêling kabèh panganggone | sinjang kêmbên salendhang kulambi | sasênêngirèki | kewala pinatut ||

98. Kang kumbaya êncit myang sêmbagi | putih kuning ijo | pandhan surat samboja limare | lurik rambutan lawan cêlari | dêraga walulin | palangi myang pêlung ||

99. Bèrêm daragêm paniti§ Prayoginipun / patani /. tluki | solok kang balongsong | mur baludru kêsting kêstop cindhe | myang kang ngangge sêngkang warni-warni | mas samya angunir | -bosok sêpuh-sêpuh ||

100. Sêngkang seta myang panunggul siji | kang sêngkang têronyok | sêngkang sêtaman sêling mirahe | kang cêplok kêmbang rinajawêrdi | kang sumbulan adi | srumbung gêdhah biru ||

101. Apanunggul pipinggir pinodhi | myang kalpika kaot | intên mirah pan kathah dhapure | ngangge raja-kaputrèn rarèstri | jalu panganggya di | raja-kaputrèn nung ||

102. Thèsèl pinarjuritan rarywa lit | sarwalit anganggo | kris pêndhok mas cêrapang kirane | kraèng prasu miling dèn-netrani | intên mirah abrit | kinotang baludru ||

103. Cêmêng ijêm biru wungu abrit | èpèk abêbangkol | sruwal panji-panji kèh warnine | jamang gêgarudangêgarudhan. asusumping | samya bêbêd kêling | wida jênar arum ||

--- 6 : 11 ---

104. Samya jèjèr lir wayang kalithik | muwuhi sri tinon | sudagar kang prapta sadayane | Nyai Dhoplang Nyai Jomblang tuwin | Ni Bênthang Ni Canthing | Nyai Jagasatru ||

105. Ni Drêmayuda Ni Jagapati | Ni Gandhok Ni Bathok | Ni Jumêna lan Jêmpinane |Kurang satu suku kata: Ni Jumêna lan Ni Jêmpinane. Ni Sêmbagi Ni Kinjêng Ni Tik-yik | Ni Blêndhang Ni Bêning | Ni Tala Ni Bungsu ||

106. Bok Rajiyah Bok Tajêm bok Yasin | Bok Imran Bok Bobot | Bok Trikêm Bok Sêmangka bok Sundhèr | pêpak sadaya para pawèstri | randha somah prapti | sugih miskin tan wun ||

107. Lan bojone kamisêpuh santri | kabèh samya rawoh | matur gênti-gênti dhewe-dhewe | samya ngaturkên pasumbangnèki | mring Nikèn Malarsih | patumbasing apu ||

108. Kang sareyal rong reyal patanggris | myang sinjang kemawon | wiyar ciyut samya kêling kabèh | miwah bojoning para pêtinggi | tuwin magêrsari | ngaturkên pisungsung ||

109. Wus tinanggapan pasumbangnèki | tinarima kang wong | Ni Malarsih alon andikane | muga barêkata ingkang kari | kapindhone malih | ywa susah sadarum ||

110. Dene ngong tan mawi angulêmi | kabèh saking ngong |§ Kirang sawanda, prayoginipun / sanakingong /. samya matur sadaya parèstrèn | botên susah pan kawula drêmi | bêrkah paduka wit | sagêd atur-atur ||

111. Sarta barkahipun (n)Jêng Kiyai | sawabipun kaot | Nikèn Malarsih arum dêlinge | Alkamdulilah kajade sami | nulya ingkang prapti | sira Nyai Jambul ||

112. Ngirid jodhang pat sinêrbèt putih | linapis ing godhong | kang sajodhang woh-wohan isine | lah-olahan kang sajodhang malih | sajodhang kêrambil | kang sajodhang bumbu ||

113. Sarwi ngiringakên rare alit | rolas amêrabot | kinêmbar sadaya busanane | gêlang kêlatbau jamang sumping | kêroncong pêpênding | kalung srumbung kuncung ||

114. Samyambêkta bokor salaka lit | sinamir bludrijo | pan gumrudug kang ngiring wurine | samya mrabot kêling warni-warni |

--- 6 : 12 ---

pan randhaning êncik | wasta êncik Jambul ||

115. Têngah tuwuh wancinipun nyai | sajak masih dèn-(ng)go | cara bojoning êncik prabote | sakalangkung rahabing agami | asring mulang ngaji | rare sabên esuk ||

116. Langkung sugih piyambak nyaincik | Jambul amêrabot | sinjang sarung sobanlah ngalêmbrèh | apan rasukan kabayak sêtin | biru pinalêtik | ing kêmbang mas murub ||

117. Kotang putih kancing rus mirah brit | kancing tangan karo | bêrleyan hèrlaut sanga sisèh | li-ali tahota lawan lantring§ Prayoginipun / lintring /. | mirah tulèn tuwin | sarakit gêng tajug ||

118. Akêrabu rus barleyan adi | gêlunge anyonthong | cundhuk suri tumanggal tinrètès | intên kinêmalan mirah abrit | kaca kumbaya brit | kusta dhasar alus ||

119. Praptèng tarub Kiyai§ Prayoginipun / Ki Bayi /. ngudhuni | malbèng wisma wong ro | parèstri sadaya samya mire | Nikèn Malarsih mingsêt saryangling | lah ingriki bibi | lan kula alungguh ||

120. Wus pinarak lan Kiyai Bayi | tata dènnya lunggoh | Nyai Jambul nêmbah tur salame | sêmbah kapadha Allah (n)Jêng Kyai | Ki Panurta gipih | rahab salamipun ||

121. Sinauran ngalekum salami | nulya ngalih gupoh | marang Nikèn Malarsih salame | sêmbah kapadha Allah (n)Jêng Nyai | Malarsih nauri | ngalekum salamu ||

122. Wusnya prênata ngumpulkên samir | ingkang rolas bokor | sarwi matur lan punika nikèn | kula ngaturi patumbas sirih | lan malih nyaosi | tape kang sawungkus ||

123. Kyai Bayi lan kang garwa sarwi | gumujêng wiraos | sampun susah-susah dados tyase | lintang namung donganipun bibi | lan tan mawi-mawi | ngulêmi sadarum ||

124. Jambul matur he susah punapi | bêrkah pandukandon | sinung rijêki kamurahane | dening Allohu Tangala paring | sawabe (n)Jêng Kyai | tan kirang wus cukup ||

--- 6 : 13 ---

125. Wawrat kula dhusun tiyang alit | tan awalangatos | inggih saking (n)Jêng Kyai dongane | mangsa sabên wulan darbe kardi | mung kantun puniki | (n)Jêng Kyai mêmantu ||

126. Ni Malarsih gumujêng nampèni | ingkang rolas bokor | binuka isi ngrong reyal kabèh | gunggung kabèh salawe prah anggris | Ki Baywa ngling inggih | sangêt tarimèngsun ||

127. Tuwin nuwun narimèng Malarsih | langkung suka karo | Kyai Bayi andonga amine | wa barakalahu palalihi | inggih mugi bibi | bêrkata kang kantun ||

128. Kinèn nulya Malarsih anuding | mring Sumbaling gupoh | mêdalakên ambêng sugatane | sigra nuduh marang kang ngladèni | lan kinèn nampani | jodhange Ni Jambul ||

129. Rumat ingkang ngladèni nampèni | tinata kang sugoh | Kyai Bayi alon andikane | bibi jêngandika kantun bukti | kula amanggihi | yèn wontên têtamu ||

130. Matur inggih gya (n)Jêng Kyai mijil | Ni Malarsih alon | lan§ Prayoginipun / lah /. wantinga bibi miwah kabèh | nulya sadaya sami awijik | adan lêkas bukti | royom apikantuk ||

131. Wus antara nutug dènnya bukti | gya kinèn anglorod | ingundurkên ambêng rampadane | nulya cinarik marang pamburi | wrata sadayèki | rarywalit myang batur ||

132. Lan brêkatan tampah tedhok tampir | sampun pinirantos | Nikèn Malarsih alon dêlinge | sadayanya ingkang sami prapti | yèn wus sami bukti | mugi ingkang mujud ||

133. Atugura banjur aywa mulih | jroning gawe kono | padha bumènana dhewe-dhewe | myang rarywalit kang manganggo sami | dimène nèng riki | aywa na kang mantuk ||

134. Krêbèn dolan padha rare alit | samuha tinonton | amuwuhi srine jroning gawe | kang liningan tan sawalèng kapti | dhasar tyas kadyèki | nêdyèng sami tugur ||

--- 6 : 14 ---

135. Wus pinatah patah sadayèki | karyane pra-wadon | pan binagèn cukup sadayane | wusnya nutug aluwaran bukti | barêkat pinaring | -ngakên marang batur ||

136. Kinèn ngulihakên rencangnèki | rumat sadaya wong | nulya sami bubar andum gawe | rare dolan sapurugirèki | ting sariwêd asri | srining kang pandulu ||

137. Gêdrah gumêdêr pating jalêrit | miwah kang dènêmong | ingaringan sindhèn mrih lulute | rare kang rada gêdhe abênthik | tujon cirak ubris | gangsingan arubung ||

138. Kang tamburan kêndhangan (n)dharindhil | tut-êntutan konthol | myang plêmbungan pitik pinidak thèt | mêksih samya ngangge-angge rukmi | ting pancorong kadi | brana sinêbar byur ||

139. Kèh kang nangga sêga anèng takir | sinambi guguyon | langkung suka tanpa rungyan rame | tan wus ucapên sakèh rarywalit | kang sami (n)dhatêngi | nunumbang andulur ||

140. Tiyang jalêr dhatêng Kyai Bayi | pra jalêr kemawon | ingkang èstri samyèstri kature | tan kaliru sumbang ingkang prapti | yata Kyai Bayi | nèng pêndhapanipun ||

141. wontên tiyang titiga kang prapti | sami ambêlowos | nanging mathis kabèh tapsilane§ Prayoginipun / trapsilane /. | Kyai Bayi tanya sira ing (n)di | matur kang sinung ling | kawula ingutus ||

142. Putranta (n)Jêng Kiyai Dipati | maringakên uwos | kawan atus pitrah ing kathahe | mesa pitu lêmbu wolu nênggih | lan sêdasa kambing | bèbèk ayam nyatus ||

143. Kang punika katura (n)Jêng Kyai | pisungsung supados | dadosa lothung kemawon mangke | kagyat Bayi Panurta nglingnya ris | sun narima inggih | mungguh ing Hyang Agung ||

144. Nulya sinugata kinèn bukti | wus tutug linorod | cinarik mring rencangira kabèh | pan warata tuwuk sadayèki | nulya caraka tri | pamit nyuwun mantuk ||

--- 6 : 15 ---

145. Tan linilan kêdah adrêng pamit | wusana rinojong | nulya nêmbah lèngsèr sing ngarsane | yata kang nèng dalêm Ni Malarsih | mangkana kalaning | wontên kang martamu ||

146. Ni Malarsih ambagèkkên nuli | kang tamu tinakèn | karyanira kang liningan ture | utusane (n)Jêng Kyai Dipati | Wirasaba nênggih | paring arta satus ||

147. Dhawuhipun dhêdhêmitan paring | putukoningpatukoning. lombok | sabab nora wèh wêruh marene | yèn aweha wêruh marang mami | (ng)gonne duwe kardi | sadaya sun-sangkul ||

148. Ni Malarsih (n)jêtung aningali | ing reyal sakanthong | nora nyana kadhatêngan gandhèk | narima mring rijêkining Widdhi | saèstu Ki Bayi | ing mangunahipun ||

149. Wus tinampan arta mring Malarsih | anulya sinugoh | wusnya nutug nadhah sugatane | tan antara caraka nulya mit | ingandhêg tan kenging | sigra lèngsèr laju ||

150. Kyai Bayi Panurta nimbali | mring kang garwa gupoh | praptèng ngarsa alon andikane | tampanana lagya na rêjêki | paringe dipati | bêras patangatus ||

151. Kêbo sapi suwap lan kêbiri | bumbu lan bon-abon | Kangjêng Kyai Dipati paringe | calêngêpan bae apêparing | miwah kang tinuding | ngangge sarwa kluwuk ||

152. Nora kêna sunandhêg (n)dang mulih | mung mangan sunsugoh | sapi wolu kêbo pitu kèhe | lawan bèbèk ayam myang kêbiri | kang garwa mèsêmi | mring raka umatur ||

153. Kawula mèh marêg nuntun Kyai | animbali mring ngong | kula inggih makatên tan pae | wontên utusan èstri satunggil | Kangjêng Ki Dipati | paring arta satus ||

154. Ingaturkên arta satus ringgit | Ki Bayi anjomblong | gèdhèg-gèdhèg muwus uwe-uwe | dene akèh têmên paparingsih | desun tan ngaturi | uninga malêbu ||

155. Kang santosa lulusing kamuktin | kasuding Hyang Manon | ananjèhkên ing panarimane | muga-muga Kangjêng Ki Dipati | winalês ing Widi | kabukaning ngèlmu ||

--- 6 : 16 ---

156. Kang santosa lulusing kamuktin | ing donya praptèng (n)don | wusing dodonga sukuring tasbèh | subkan Allah ngala palalihi | rijèku apihi | wa bil ngibadarum ||§ Prayoginipun / ngibadatun /.

157. Wus mangkana nulya animbali | ingkang rayi karo | Ki Panukma lawan Panamar-e | praptèng ngarsanira kang raka ngling | pasumbang kang prapti | kêbo lawan lêmbu ||

158. Banyak bèbèk ayam swap kêbiri | pêragatên gupoh | sarupane ya olahên kabèh | iku sidhêkahe (n)Jêng Kiyai | Dipati pêparing | ingong kaum-kaum ||

159. Ki Panukma bibisik kang rayi | wus rêmbug wong roro | alon matur kang rayi kalihe | lamun parêng karsane (n)Jêng Kyai | pinragat sapalih | sapalih kang kantun ||

160. Yèn sadaya kathahên ngubadir§ Prayoginipun / mubadir /. | pinragat kêsompok | ingkang kantun kangge sapasare | putradalêm Mongraga manawi | wontên nêring wingit | adhikiran Mulud ||

161. Ki Bayi wus parêng turirèki | umundur ari ro | rinampungan parentah nêmbêlèhnyêmbêlèh. | wus pinurak sakathahing pri santri |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / wus pinurak sakathahing santri /. mring pawon (n)dalidir | kang samya sung-usung ||

162. Tangi malih kang anambut-kardi | gumêrah ing pawon | ubrês umrês myang sinêngkakake | carub santri kaum nyai-nyai | lah-olah ngramèni | kabèh bantu-bantu ||

163. Banyu kayu kayu-kayu tuwin | ingkang ambêlandhong | ting grathok blag-blug prak-prêk sruk srèng |Kurang satu suku kata: ting grathok blag-blug prak-prêk prak-prêk srak sruk srèng. srang-srèng krècèp ting krêcêp karêncip | mambu anyir gurih | lir gêreh gumuruh ||

164. Kathah solahe kang ngrêratêngi | gêgêlakan kang wong | para santri tan ana wangêne | amêmangan angganda cip-icip | angiras nyênyangking | ambuntêl kêkêmul ||

165. Akèh kêmlêkarên para santri | kuwarêgên (ng)gado | (ng)gadho kalak sa-ênggon-ênggone | kalak daging tungtut lawan ati | ginjêl myang kikisi | pênthul sandhung-lamur ||

--- 6 : 17 ---

166. Pondhok kêbak kalak ting salêmpit | anèng rênggang-rênggong | mêntah matêng akèh meme dhèndhèng | lir punagi agahan tan wigih | gagah wêgah ngaji | amung ngaji pupung ||

167. Ana santri sawiji kang sakit | andheprok nèng pawon | sèndhèn tumpang alêmpêng lêmpènge | pan andomble (n)dalole mandêlik | mlêmbung wêtêngnèki | mutah-mutah wurung ||

168. Binabayang mring kancane santri | ginawa mring pondhok | pan wus siyang ing wanci têngange | Kyai Bayi nuduh santri Luci | kon ingon-ingoni | mring wong-wong sadarum ||

169. Wus warata dènnira ngingoni | jalwèstri kumroyok | wusnya nutug dènnya nadhah kabèh | kongsi bêdhug andhêrêndhêng muni | nulya dènkênthongi | salat wêktu Luhur ||

170. Kyai Bayi salat maring masjid | angimami Lohor | wusnya bakda bubar santri kabèh | Kyai Bayi kondur mring pandhapi | pêpak kang para ri | Jayèngraga ngayun ||

171. Miwah para lurah santri-santri | nèng ngarsa tuwa nom | angandika Ki Bayi dhawuhe | padha adandana kang prayogi | sarèrèhanèki | ingkang mungguh-mungguh ||

172. Iya saduwèk-duwèkirèki | samya nganggo-anggo | tuwin padha muliha dènage | matur sandika sadaya sami | mundur saking ngarsi | para pinisêpuh ||

173. Tan wun sakenjing kang sami prapti | nyumbang lanang wadon | yèn wus nyumbang ing jro saulihe | lajêng nyumbang marang Jayèngwèsthi | sakadarirèki | mangkana sadarum ||

174. Yata ingkang anèng dalêm wingking | kang lagya binonyo | Tambangraras badhe pinangantèn | pinahyasan marang ingkang nini | sarira kinisik | pan lagya linulur ||

175. Ing bras têmu lan kêningar tuwin | asêm pupus laos | sinalusur lalar pênglulure | cèthinira Cênthini tan têbih | pan sakesuk uthi | ngladèni abikut ||

176. Wusnya tutug panglalarirèki | kinèn sira gupoh | siram marang ing patirtan age | Ni Cênthini ingkang nglêladèni | ngosoki barêsih | sawusira adus ||

--- 6 : 18 ---

177. Apasatan sinjang seta nuli | wangsul prapta ing (ng)gon | gya ingulik kinirab rikmane | pan winiwir jinêbadan amrik | rema mêmak wilis | apanjang ambakung ||

178. Wus ingêjum kang ura sinuri | ingimpun sinerong | pan kinêlun sinêkaran oncèn | -oncèn anggitan gambir mêlati | minangka pêmilih | bêbalunging gêlung ||

179. Wèni tinrap tinata dènapti | pangulahira lon | wus ingangkah katêmu sêdhênge | nora mudhêng linus ing susuri | ing ukêl tan apik | gêlung sèntêg kukuh ||

180. Padha bote lulungsèn nêngahi | pan mungsêr anggandhok | kinêlaban jinum pinalêthèk | surat-surat ing puspita kengis | lir sudama mingip | amêmiyak mêndhung ||

181. Nulya Cênthini kinèn maèsi | sarwa-di kinaot | nênggih badhe kinarya patahe | pinahyasan lir pangantèn yêkti | amawi pipidih | cicithak cêcênthung ||

182. Lagya gêlungira ingkang uwis | sinarèhkên aso | yata Kyai Bayi Panurta-ne | pan pinarak anèng ing pandhapi | nyampingira kêling | sarung tabur-tabur ||

183. Apaningsêt sindur amantêsi | apipinggang cathok | golok suwasa mêrjan tasbèhe | arasukan jubah leja abrit | kotang kipêr putih | kancing mirah mancur ||

184. Kuluk bathokan bêludru langking | ancêpe dhinoyong | kanigara rinêngga balênggèn | acêripu samak unta abrit | rinenda ing pinggir | pan pinaku jamur ||

185. Ingkang anèng ngarsa Ni Malarsih | sinjang sêmbagi jo | asêmêkan sindur wêlakane | arasukan galêr konus putih | supe tajug siji | wuri karo mantu ||

186. Ni Turida alungguh rêspati | sinjang limar ijo | asêmêkan udaraga adèn | rasukanira sêmbagi putih | kacu gumbaya brit | kênarèn mas luru ||

187. Gêlung sêdhêng lulungsèn tinitih | ing sêkar argulo | asusupe mirah intên sêlèn | kananira Nikèn Larasati | sinjang cindhe wilis | kasêmêkanipun ||

--- 6 : 19 ---

188. Plangi tumpal podhang ngingsêp sari | pan rinenda mompyor | Harja rasukan sêmbagi jêne | corakira kayu anyang§ Prayoginipun / anjang /. rêmit | talêkêman adi | supe intên tajug ||

189. Atêtasik sumilak arêsik | agêlung kêkêndhon | pan atitih cêpaka lan ronne | wingking tarap sakulawargèstri | pangangge mawarni | samya mubra-mubru ||

190. Ni Sumbaling tapihe sêmbagi | mindho-ibang pêlong | kêmbên sindur sêsêr li-aline | lang-alang sakampung§ Prayoginipun / sakapung /. kalih sisih | ngampil tas tan têbih | lan buntêlan rukuh ||

191. Ki santri Luci dènbusanani | amubru amarong | wuwuh cèkèh abêsus mênjete | pan abêbêt kêling golang-galing | kopyah baludru brit | ikêt adu mancung ||

192. Mencong prandene dènkuwuk mlirit | jêplakan lir anthok | bathik bang ngarab têpèn pinggire | mèrèt ngarêp wae urut alis | klambi krêstin abrit | singsêtan asaguh ||

193. Binalênggi ing renda sanyari | linincis amompyor | bênik malunthungan gêdhe-gêdhe | sabuk cindhe wilis renda kuning | rangkêp kotang putih | bênike karêpu ||

194. Anyothe golok balongsong rukmi | têsbèh mote ijo | sinampirkên ing golok amoncèr | sruwal panji-panji kancing dhasi | têkên cis cinèt brit | ngadhêp anèng pungkur ||

195. Nulya Ki Pangulu Basarudin | prapta anjêmperok | pan ingiring modin mêrabote | Talabodin Nur Sukidin Jali | Pranaita tuwin | sarèrèhanipun ||

196. Ing Pakauman sadaya ngiring | samya amêrabot | saduwèke angêtog pangangge | bathik lurik ingkang sugih kêling | golok kris rinukmi | angiring gumrudug ||

197. Ingkang (m)bêkta epok lante êcis | cêripu paidon | Kyai Amad Diman Amad Jubèr | Mad Dullah Amad Kahar Mad Tahir | Amad Jaelani | Mad Badir Madênur ||

--- 6 : 20 ---

198. Amad Kora Mad Kapas Mad Kupi | Mad Lubi Madanom | Amad Sraya Mad Duryat Mad Bae | Amad Isan Mad Rawi Mad Supi | Mad Kabir Mad Sahir | Mad Unus Mad Suyup ||§ Prayoginipun / Mad Yusup /.

199. Sami anggêrêbêg anèng wuri | wong salawe golong | Kyai Kampuh kawung kêtunggènge | sabuk wêwiron putih tinêpi | akris pêndhok putih | landhèyan ambêthut ||

200. Arasukan sêmbagya lus abrit | lorog blorong-blorong | têsbèh gênitri sèwu kathahe | dènubêtkên ing golok sumampir | binalongsong rukmi | pan minangka wêdhung ||

201. Kotang putih kancing mirah abrit | srêbèt krêstin ijo | ngawêng ngiwa-nêngên ing pungkure | amung sêla gandar Mêkah adi | nèng pundhak sumampir | kêthune ngêndhukur ||

202. Pandhan binêthok agêng angêndhil | lir cangkoking keyong | lêmungsire pinuntir ngaloncèr | mungsêr anjêprak nglèwèr nèng wingking | jêmbraking pipinggir | pan kinayu-apu ||

203. Andhap agêng Kyai Basarodin | lêmu angêlombroh | jenggod panjang wus sumambêl wijèn | pan amêwok aberok nglênggirik | nglêmbêrêg mêdèni | anglir bara-budhur ||§ Prayoginipun / bola budhur /.

204. Talabodin Nur Sukidi (n)jagi | Pranaita kêthon | modin mêrbot sami pênganggone | dodod kawung kêmplang sabuk putih | kulambi sêmbagi | abrit kêthu biru ||

205. Wong Kauman tan ana mênèhi | samya akêkêthon | Ki Pangulu prapta pandhapa ge | atur salam mring (n)Jêng Kyai Bayi | wus tata alinggih | nulya ingkang rawoh ||§ Prayoginipun / rawuh /.

206. Ki Suharja wau ingkang prapti | kampuh genjong ijo | sabuk renda kuning byur gombyoke | dhuwung alandhèyan miling gadhing | ajubah sêmbagi | dhasar coraking lung ||

207. Kotang putih kancing crêmèn rukmi | asêbe mur biron | kuluk kêstup srêbanipun jêne | acêripu têkên jolang abrit | têsbèh candhana gi | lêlawêdan arum ||

--- 6 : 21 ---

208. Pan ingiring sarèrèhanèki | kriya sadaya wong | samya ngêtog busana pamère | anut basahan sarêban sami | pan awarni-warni | ing saundha-usuk ||

209. Ki Supara§ Prayoginipun / Ki Sêpura /. Ki Noja Ki Amin | Nong-nong Banda-bonong | Ki Budiman Taman Wrêga-jahèt | Ki Wêrdadi Candra-tumpe Kabir | Baudin Pasari | Malangsari putu ||

210. Malangjiwa mantu Kêmbang-kuning | Sêkar-pêthak Bêkong | Ki Garuta Sura Sawo Kurnèn | Ki Baidin Canthur Baga-widik | gumrudug angiring | kèhe têlungpuluh ||

211. Prapta sadaya anèng pandhapi | nêmbah tata lunggoh | pan atarap wong kriya wurine | Kyai Bayi mèsêm aningali | sajake kang rayi | nulya ingkang rawuh ||

212. Wiradhusta kampuhira bathik | parang-rusak barong | sabuk renda putih klèngkam jêne | dhuwung landheyan gadhing sinêmi | wrangka ladrang kêndhit | pêndhok swasa mancur ||

213. Arasukan kudhèdhar nêlahi | sêbènira kêstop | baludru brit linincis kotange | kuluk cêmêng srêban krêstin abrit | binara mas ngrawit | têsbèh akik wungu ||

214. Acêripu lapis bêludru brit | rinenda wêwêngkon | pan ingiring sakèh rèhrèhane | wong kang bukak warung sadayèki | Kyai Jagapati | Ki Mêndhang Ki Gugut ||

215. Drêmayuda Gopa Polong Kêcil | Pathi Singabarong | Lambakrêta Gandhang Canthing Konthèng | Ki Trênggunêng Jabar Jubir Kadir | Gulêng Kulah Mêrdi | Gathik Sole Gathuk ||

216. Tiyang tigangdasa sadayèki | gumarudug golong | Wiradhustha prapta pandhapa ge | nêmbah ing raka tata alinggih | Kyai mèsêm mèksi | mring ari kang rawuh ||

217. Ki Panukma prapta kampuh kêling | pêlong bangun teplok | arasukan kêlenthang binêsèt | sabuk renda kris landhèyan gigi | pêndhok suwasa di | têsbèh balung dhuyung ||

--- 6 : 22 ---

218. Akotang kancing magori kêndhit | sebe§ Prayoginipun / sibe /. brit mantlas top | kuluk bêludru wilis balênggèn | srêban jênar pan binara putih | cripu sêngklat langking | pan rinenda wêngku ||

219. Sarta ingiring rèrèhanèki | wong jagal ngon-ingon | sawarnaning blantik sato-iwèn | Kyai Rêban Jêbad lan Kasturi | Kyai Pusparagi | Rêmbên Tali-datu ||

220. Pusparana Kyai PuspajaliPuspanjali. | lawan Taliwangkong | Puspajiwa Kyai Talimonce | Taliambên Tali-kêmbang Tali | -gundha Talisutri | miwah Talitêmbung ||

221. Kyai Talibancak Talipranti | lawan TalibandhongTalibadhong. | Talisêntagèn lan Taligodhèg | Talirante Kyai Pêt Ki Pêtri | Balongsong Prêmadi | Jadrêma Ki Gêmbung ||§ Prayoginipun / Gêmpung /.

222. Tigangdasa karèrèhanèki | samya amêrabot | prantèngpraptèng. pandhapa nêmbah wus linggèh | Kyai Bayi ningali mring ari | suka tyasirèki | anuntên kang rawuh ||

223. Ki Panamar kampuh limar abrit | tumpal ijon-ijon | apaningsêt èpèk renda jêne | dhuwung alandhèyan cula miling | pêndhok bunton ngunir | têsbèh kincang mancur ||

224. Arasukan sêmbagya lus kuning | corak woh sadhompol | kotang putih kancing mas sêrunèn | sêbe gambar Arab latar putih | kuluk êmur kuning | sarêban gadhung byur ||

225. Acêripu gêgêmukan kuning | pasaja inganggo | sarèh-rèhanira ngiring kabèh | samya ngangge kêling warni-warni | wong atandho sami | sadaya tripuluh ||

226. Imayuda Sampura Cêlari | Wiragati Drêbos | Mêrtigala Kalang Guling Pèrès | Gombak Kêmbak Murah Mandra Dhimpil | Pênjalin Walulin | Rêmbêt Condhong Sampur ||Campur.

227. Anggadipa Rêmbên Mara Rindhik | Guntang Ganggong Boyo | Sombong Songsong Mure Mori Gêbèl | Rênggang Muncar Angga Pura Kêling | Grago Rênggong Sêling | Ki Galêndhêng Dhampu ||

--- 6 : 23 ---

228. Nulya prapta ing pandhapa nênggih | nêmbah tata lunggoh | tarap anèng wuri jèjèr linggeh | Kyai Bayi suka myat ing ari | samya amriyayi | nulya ingkang rawuh ||

229. Kulawirya kampuhe mênèhi | jingga pinaraos | pan rinenda mubêng myang barane | pan sagêblog èpèk renda putih | kris landhèyan rukmi | kraèng ngunggut-unggut ||

230. Kodhok kasingsal cancut ancangcing | cèkèh-cèkèh cekoh | ngumbar kunca ngêdhèdhèr ambancèr | akulambi jobah limar wilis | baludru bangun jing§ Prayoginipun / bangun jring /. | bordhir kotangipun ||

231. Alancingan cindhe panji-panji | pinarada porong | têsbèh sèwu jênangan sêlinge | ingubêtkên tinon amênthalit | kêthu putih ngêndhil | ambawang sabungkul ||

232. Lumungsir lir uwêring bêkiking | anjêprak wiwiron | ngoncèr panjang ngalèwèr wurine | pan dèn-kayang mênganggo mrih mêncil | tan mambu ngulami | larasing bakikuk ||

233. Pan dèniring sarèhrèhanèki | wong Kêtandhan golong | samya kêmbangan kabèh dodode | akêkêthon kadya lurahnèki | jor-joran mawarni | kabèh têlungpuluh ||

234. Ki Sêntana Witana Wira Ki | WiagaWiraga. Ki Winong | Purwaka Purwangga Angga-thethe | Prabadrana Prabajaya Rubil | Mangundrana Paris | Kêblak lawan Dhapur ||

235. Ki Pandhu Tarumpaka Wirangi§ Prayoginipun / Wiragni /. | Ki Dhèmês Sêlobog | Ki Pandêlêm Sumbrèng Kêbak Jolèn | Bamban Eka bawèn Moga-pênggik | Bancang Wora-wari | Dhêmpêl Kuwêl Mandhul ||

236. Prapta anèng pandhapa anuli | nêmbah nulya lunggoh | Kyai Bayi angguguk guyune | langkung suka dènnira ningali | mring kang rayi-rayi | sukur ing Hyang Agung ||

237. Nulya ingkang pra santana prapti | samya amêrabot | Ki Sêmbagi jumênêng lurahe | kulawarganira Kyai Bayi | misan mindho sami | prênah anak putu ||

--- 6 : 24 ---

238. Kawandasa ingkang kulit-daging | kang tunggil bêndhoyot | Ki Sêmbagi praptèng pênyampinge§ Prayoginipun / pan nyampinge /. | sarung lurik alus Bugis abrit | jubah ginggang lurik | kotang bênik biru ||

239. Kuluk bêludru bang binalênggi | udhêng-udhêng ijo | têsbèh jênangan nyampir goloke | Ki Jumêna nyamping sutra gringsing | sabuke walulin | klambi krêstin wulung ||

240. Kuluk bêludru wungu tinêpi | udhênge kamanyon | têsbèh bathok nyampir ing goloke | cripu linapis sangkêlat abrit | pra santana wuri | ngangge rêbat unggul ||

241. Kyai Panjangjiwa Ki Kalithik | Ki Cothak Malangbong | Ki Lawatan Ki Andhamohine | Ki Jêmpina Pandaya Panjari | Ki Jakrêndha Ki Cèk-yik |Lebih satu suku kata: Ki Jakrêndha Cèk-yik. Kyai Kinjêng-Kupu ||

242. Kyai Dhoplang Jamblang Bênthang Bênthik | Ki Bapang Bêlongsong | Ki Pangirat Krêti-sêdaya-ne | Kyai Sukadana Sukanandi | Ki Gêmblak Cêlari | Ki Kutur Ki Lêngkur ||

243. Kyai Jalipura Surantani | Ki Dhadhapan-gonjong | Unggantake Unggadua§ Prayoginipun / Anggantaka Anggandua /. Sêlèn | Kyai Jongkang Padhang-bulan Bêning | Ki Mangkurah Kunci | Kyai Jagasatru ||

244. Cakrawêdhug Ki Panjalin Mubin | Jalasutra Bobot | Ki Rumbaya Rumbaka Ki Bangèn | Ki Dhokerok Jêmbangan Wêrdati | Ki Tawêng Cêraki | Kyai Dhampu Banung ||

245. sarêng prapta kêtêping pêndhapi | samya lênggah lunggoh | Kyai Bayi suka sokur tyase | aningali santana mêpêki | karaos ing galih | (m)bêrêbêl ingkang luh ||

246. Ketangsih kamurahaning Widi | rahmating Hyang Manon | rinêjêkèn sakulawargane | sawêngkoning ing Wanamartèki | sadaya pinaring | rêjêki Hyang Agung ||

247. Anor driya anggrus ingkang galih | kumêmbêng waspa non | pira-pira sokur pandongane | nulya para sudagar kang prapti | karèhing Jèngwèsthi | asarat malêbu ||

--- 6 : 25 ---

248. Kyai Tajêm Ki Jêngjêm Sumêndhi | Ki Partima Sendrong | Pak Rajiyah Pak Tijah Pak Mèdèng | Pak Mujiyah Pak Rumiyah Rajin | Salbiyah Pak Widi | Ki Cênthing Pak Canthur ||

249. Ki Samirah Pak Murah Pak Kitri | Pak Basiyah Gombong | Pak Jumilah Jumiyah Pak Pèrès | Pak Kabirah Pak Nakirah Kobis | Pak Wijah Pak Siti | Pak Kunthing Pak Jungkung ||

250. Pak Borerah Sajiyah Pak Suci | Pak Parah samêngko | Pak Sariyah Pak Tomas Pak Bèsèr | Pak Banikêm Pak Trikêm Pak Kêmis | Pak Surêm Pak Rimbi | Pak Garêm Pak Rêmu ||

251. Samya ngangge sasênêngirèki | ting prêngangah mompyor | mung Pak Rajiyah tan pati ngangge | sarwa lungsêt kewala tur rêsik | sabuk wlulang langking | cathoke pêrunggu ||

252. Praptèng pandhapa samya ngabêkti | tata samya lunggoh | nulya pra lurah santri praptane | sarèh-rèhanira santri-santri | pangangge mawarni | ing sadarbèkipun ||

253. Ingkang srêban dhêng-udhêngan tuwin | ikêt myang kêkêthon | sacaraning ngulama bêsuse | saduwèk-duwèk kang dènsimpêni | samya dènanggèni | wênèh kang nênambut ||

254. Ting bilulung pan silih-sinilih | myang kang liron anggon | ana santri tan olèh nyênyilèh | (n)jajah omah kawanuhanèki | mêksa datan olih | mupus nulya masuh ||

255. Wênèh santri kaboyung nênilih | kabutoh mimisoh | wingi mula ninilèh tan-olèh | kawanuhan kang wus luwih bêcik | myang sanak pribadi | cumpêt nora antuk ||

256. Ih ya talah wong wus têpung bêcik | tan ngandêl maring ngong | dene-dene tan katon aduwe | lir tumingal bangsat maring mami | panêdhaku nuli | gegera kang rusuh ||

257. Krêbèn modar susah olèh ngili | kêjaba mangkono | iku kèlingan mring si mêngkene | padha dene mungguh Allah iki | jare murah asih | dene ki wakingsun ||

258. Tan pinaring kamurahan mami | de tan beda ingong | nêmbah muji ing rina wêngine | êndi ganjarane murah-asih | adil tlênong-tlêning | adile (m)barênjul ||

--- 6 : 26 ---

259. Kêdumêlan muring-muring sami | nangis anggêlolo | pan mêndhokol sabithi atine | nulya wontên kang santri nyilihi | lungsêd dèntampani | agupuh winasuh ||

260. Pan kumêrab para santri-santri | sarèh-rèhan golong | para lurah dadya pangarêpe | Ki Murtala Ki Murtaja Murjaki |Lebih satu susu kata: Ki Murtala Murtaja Murjaki. Bagus Jaelani | Gus Suleman Yusup ||

261. Gus Jamjani Arpani Tabrani | Bêlawi Gus Unoh | Gus Yahya Gus Suhada Gus Juhèr | Gus Ngaripin Masin Mukin Yasin | Janodin Ngabidin | Sarapdin Gus Jadhug ||

262. Gus Juakir Ngajujir Gus Kanjir | Wajir Tamin Naot | Gus Tapyani Johari Gus Jahèr | Bahri Bahwi Kanawi Tukrani | Gus Tayib Gus Brahim | Gus Yunus Gus Tamsur ||

263. Gus Dawud Dulsungur Dulmudangi | Dulkabir Dulkaop | Dulkahar Duljalal Duljalalèn | Dulkami Dulkamid Ngabdulgani | Dulkamil Dulmuhyi | Dul Subur Dulgapur ||

264. Dulsukur Dulkulur lan Dulbasir | Dultaksir DulsuraGuru lagu seharusnya: 10o, . | Dulmansur Duljabur NgabuljaètNgabduljaèt. | Nurjani Nurngali Nurkamali | Nurani Nurbani | Nuriman Nursuhud ||

265. sarêng prapta para santri-santri | nêmbah tata lunggoh | apan ora jèjèr jêjêl bae | Kyai Bayi mulat ing pra santri | arahab tyasnèki | nulya ingkang rawuh ||

266. Jayèngraga kampuh cindhe abrit | pinarada mompyor | pan baludru burdiran èpèke | curaking lung sinungkèt ing lung brêji |Lebih satu suku kata: curaking lung sinungkèt ing brêji. Klengkam banyu manggis | ginombyok borliyun ||

267. Acêlana putih pinrada-sri | kêpoh tundha mêdhok | mungsêr ngayu-apu talibane | wêwalikan sindhêtan mêlipit | pirid lambung wingking | turut adu-mancung ||

268. Têpung mathis lan panêngênèki | muwêr nyangkok keyong | buntaring pasingsêtan lungsene | jèrèng lir laring walang walêri | acangcutan inggil | sanginggiling dhêngkul ||

--- 6 : 27 ---

269. Kodhok kabêsèt anyatriyani | sacêngkang angongkangGuru lagu seharusnya: 60, sacêngkang angongkong. | wiron sêmbulihan pangasihe | sipat polok sandhungan amiwir | anggubah winingkis | sêseronganipun ||

270. Wêwalêran tan ana ngalêngkin | mêkar ambêdhodhok | ngumbar kunca winiru tan têpèn | ambêlarak nêrampat ing siti | panjanging kunca sri | tigang asta landhung ||

271. Kris landheyan tayuman sinêmi | kandêlan mas bunton | wrangka timaha pèlèt sêmbure | tan rasukan akokonyoh kuning | abadhong sungsun tri | tinatur mas tatur ||

272. Binggêl kilat bau anting-anting | pamêkak bêbangkol | uncal rante udawalane |§ Kirang sawanda, prayoginipun / uncal rante mas udawalane /. agêgongsor cêrapang pinodhi | atêkês mawingit | ajajamang sungsung ||

273. Kinarang-mêlok mêntul hèrthathit | sinalon kêkupon | garudha ngrêmpa mêkak wurine | Harja sumping puspa krênakrêsna. rukmi | inguncèn mêlathi | myang gêgombyok dhuwung ||

274. Apêpaès imbane pinirid | alungit mucuk dom | sugih liring kêsit iribane | brêngos kêtug têpèn lir minangsi | pasêmon maringgit | abagus lir Wirun ||

275. Pan dèniring sarèh-rèhanèki | kabèh para bagor | samya têkês kabèh sêsumpinge | gêlang kilatkêlat. bau anting-anting | rapèk kunca kalih | bangkol akêkalung ||

276. Borèh kuning sruwal panji-panji | kris pêndhok mas bunton | patra êmas mengkol ukirane | oncèn tibèng dhadha sêkargambir | anggêrêbêg asri | tiyang pitulikur ||

277. Crêmasana Widiguna Widi | -lêksana Bintaro | Gandasana Gandataruna-ne | Gandabaya lawan Gandasanggit | miwah Gandasasi | Gandamara arum ||

278. Gandatênaya lan Gandawangi | miwah Gandamirong | Gandapurwa lan Gandarêsmi-ne | Gandapuspita myang Gandasari | Gandaparwa dêwi | miwah Gandalayu ||

--- 6 : 28 ---

279. Gandarêtna miwah Gandalatri | Gandakriya kang wong | Crêmalaya Crêmawiraga-ne | Crêmajiwa Crêmasuta tuwin | Crêmayasa kawi | Tunjangkara badhut ||

280. Ki Nuripin kinarsan ingkang sih | kinampuhan jonggrong | akris ukiran patra mêngkole | sabuk sindur cêlanane kuning | binorèhan kuning | sumping oncèh landhung ||

281. Kopyah mathak rambute jumiwit | wangunne apego | santri lugu cinara-priyayèn | nora santri nora amriyayi | gundhul ambalindhis | dhapure anyêpuk ||

282. Rada sugih wulu Ki Nuripin | jenggote abrewok | kinanthilan cêpaka lan ronne | lawan kinanthilan jangkrik gangsir | orong-orong bibis | kowangan kuwangwung ||

283. Myang wulu cangklakan dènkanthili | yuyu walang gamboh | dhadha kinanthilan sambêrlilèn | gèdhèg-gèdhèg sukêr ting salênthik | bau malangkêrik | tan bisa mêringkus ||

284. Yèn sinapit ing yuyu anjêlih | ginuyu pra bagor | prapta ing pandhapa nêmbah kabèh | Kyai Bayi gumujêng ningali | mring putra Jèngragi | ing busananipun ||

285. Cara duk jamaning Kabulêngkir | prabote mêngkono | cingak ingkang nèng pêndhapa kabèh | eram ningali mring Jayèngragi | sarwa angalami | Jawa-Arab-ipun ||

286. Yata wontên tamu ingkang prapti | kêkapalan rawoh | rencang rolas kêkapalan kabèh | nama Kyai Dêmang Purasani | ing Pagêrwajèki | wus nêcêp (ng)gêguru ||

287. Marang Kyai Bayi Panurtèki | praptane agupoh | cinancangan sadaya kapale | kèndêl anèng paregolanèki | wus kinèn tur uning | tinimbalan laju ||

288. Ngangge prajuritan amanthinthing | marabot ajarot | sêdhêng têngah-tuwuh ing umure | cèkèh cikat rikat amantêsi | bêbêd nagasari | sinerong cinancut ||

289. Sabuk gêdhog biru bara kuning | apêthat bêbangkol | arasukan sikêpan lurike | kancing êmas nanasan angunir | kotang bêludru brit | blênggi lincip mungguh ||

--- 6 : 29 ---

290. Saruwalira sangkêlat abrit | panji-panji kaos | nyuriga kris sinampiran kace | tali bandhang tas Cina nèng kering | ikêt modang putih | basunanda tudhung ||

291. Sigrak lir jaka nêdhêng birai | anulya praptèng (ng)gon | kang linggihan mungsêr samya mire | wusnya lênggah Dêmang Purasani | nulya majêng ngarsi | sumêmbah angujung ||

292. Angandika aris Kyai Bayi | lah wus (n)dika lunggoh | dene kula tan wèh uningane | niyat ringkês kêndhuri sabithi | Dêmang Purasani | nêmbah nuwun-nuwun ||

293. Inggih mirêng wêrti kala wingi | mila kula guroh | apan sarwi nguculi êtase | mêndhêt arta tigawêlas ringgit | kawula nyaosi | patumbasan apu ||

294. Nulya tinanggapan sarwi angling | bangêt tarimèngong | tiyang pintên rencang (n)dika kabèh | Dêmang Purasani matur naming | kalihwêlas nênggih | lancaran agupuh ||

295. Ki Baywa ngling Alkamdulilahi | narimèng Hyang Manon | nulya sinugata sarencange | arta sinungkên ing santri Luci | kèn maringkên aglis | mring Malarsih wau ||

296. Para Kyai miwah santri-santri | tumingal agawok | Kyai Bayi agung mangunahe | samya pêpuji sukuring Widi | miwah ajrih asih | yata kang cinatur ||

297. wontên tiyang wus sêpuh satunggil | kaki-kaki reto | pan minantên ing sadesa kabèh | dhukuh Pucangan wisamanirèki |Lebih satu suku kata: dhukuh Pucangan wismanirèki. wong Wanamartèki | jalu èstri takut ||

298. Myang pêrapat dhusun kanan kering | punjunge mêrono | marang pundhèn dhukuh Pucangane | lêluhure ing Wanamartèki | samya punjung bêkti | ngalap sawabipun ||

299. Kyai Wanahita wastanèki | wus pikun adheyog | kaprênah pan kaki ing awune | eyang uwa ibune Ki Bayi | mila tan ngaturi | saking maklumipun ||

300. Wong wus tuwa mung tinuwi-tuwi | ing mangkya Ki Jêmpo | yun uninga ing canggah ningkahe | kêjumutan sarwi dèn-jagani | lumampah wus wigih | kêthuyuk-kêthuyuk ||

--- 6 : 30 ---

301. Limar biru wus lungsêt kang nyamping | rasukan kêmanyon | kuluk kropak wus lawas sêmune | udhêng ubêd pisan putih lami | têsbèhe gênitri | sabuk tali datu ||

302. Prapta jroning paregolanèki | Ki Bayi duk anon | mudhun gupuh Ki Bayi ge-age | nyandhak astanira ririh sarwi | Ki Buyut ngarasi | mring Ki Bayi wau ||

303. Mudhun sadaya ingkang alinggih | sami angrêroyom | wus pinrênah Ki Buyut lênggahe | nulya sadaya sami ngujungi | Ki Bayi ngling aris | sampeyan puniku ||

304. Susah-susah pinarak mariki | wong wis sêpuh repot | Kyai Buyut Wanahita linge | mumpung aku iya mêksih urip | arsa wruha mangkin | ningkahe canggahku ||

305. Ki Bayi matur inggih utami | sawabipun kaot | angling malih srawungan ing akèh | langkung sangêt sêpuhe Kiyai | papantaran tapis | wus ngajal sêdarum ||

306. Jaman awal ing Pajang mêningi | wêruh duk patogog | cêr-ancêr pagêr kutha kojore | iba lamine wus kawak uwi | mulane pinundhi | ing tiyang sadhusun ||

307. Langkung rahmad sampeyan puniki | sarwi atanya lon | pintên yuswa ing paduka mangke | Kyai Buyut angling umurmami | taune sapriki | wus satus nêmlikur ||

308. Samyandhêku tumungkul kang myarsi | pitutur kinaot | ngungun tyase ngalap bêrkah kabèh | ya wus andungkap ing Ngasar wanci§ Prayoginipun / yata wus andungkap Ngasar wanci /. | santri magêrsari | tan ana kang kantun ||

309. Pêpak sadaya kang dènanti |§ Kirang satunggal wanda, prayoginipun / Pêpak sadaya ingkang dènanti /. Ki Bayi lingnya lon | apa uwus prapta sakabèhe | samya matur têlas tan na kari | (n)Jêng Kyai ngling malih | Jèngraga sirèku ||

310. Angirida kabèh para santri | banjura mêrono | marang kakangira Jèngwèsthi-ne | manira laju marang ing masjid | lan pamanirèki | tuwin Ki Pangulu ||

--- 6 : 31 ---

311. Ingkang putra sandika turnèki | Ki Bayi nabda lon | hèh Luci sira rumatên age | sêsanggan praboting munggah kaji | Luci matur inggih | pan sampun sêdarum ||

312. Kyai Bayi Panurta ngling malih | mring pangulu alon | iki pa wus andungkap sangate | mêngko bakda Ngasar sêdhêng akir | pêngantène prapti | ing paningkahipun ||

313. Ki Pangulu matur aprayogi | luhung nuntên bodhol | wusnya parêng bodhol nulya lèngsèr | Kyai Buyut Wanahita ngarsi | Ki Bayi angiring | ing wingking gumrudug ||

314. Jayèngraga animpang ing margi | sadaya punang wong | praptèng pandhapaning Jèngwèsthi-ne | tan kaliru saurutirèki | jèjèr jêjêl pipit | dènnira alungguh ||

315. Kang lumampah ing masjid wus prapti | sadaya agupoh | ngambil toya wulu sawarnine | binêndungan wêktu Ngasar manjing | Ki Bayi ngimami | anutug bakda wus ||

316. Yata kang wontên kidul winarni | Amongraga dandos | sinaosan busana saking lèr | kalih pêtadhahan kêbak nyamping | clana kampuh tuwin | kulambi myang kêthu ||

317. Wus arêsik sinaratan mawi | nyukur wulu-kalong | Nyai Daya juru pamarase | imba ingimba tanggal alungit | sêsajènnya sami | Nyai Daya untung ||

318. Sira Ki Sèh jamhur Amongragi | dènnira adandos | ngagêm sarwa seta sauyune | nyamping brêtis apaningsêt mori | rasukan cawêni | galêr galar konus ||

319. Kuluk pêthak sarêbannya putih | srêbèt§ Prayoginipun / sebe / = basa Persia: sabbi = syaal (dan di tempat lain). seta mawar | têsbèh maniking toya aputèh | caripunya sinangkêlat putih | tan karsa nyanyangking | golok miwah dhuwung ||

320. Pan solahe auliya wingit | tan karêm mênganggo | pasaja karana tulèn |Kurang dua suku kata: pasaja karana Kyai tulèn. wutuh auliyanya awêning | samono prandening | sokur mubra-mubru ||

--- 6 : 32 ---

321. Amongraga cahyanya nêlahi | amanon yèn tinon | sabatira Jamal lan Jamile | pan kinêmbar karo sarwa langking | sapêngadêgnèki | pan sarwa wulung byur ||

322. Jayèngwèsthi pan akampuh bathik | latar cêmêng ganggong | sabuk renda putih pan amèpèt | ngumbar kunca cancut mrak kasimpir | kampuh tundha apik | bagus mara sêmu ||

323. Arasukan ginggang sutra putih | srêbètsebe: seperti pada bait 319 di atas. kastup ijo | kotang akancing mirah sêlane | dhuwung landheyan cula sinêmi | kandêlan mas adi | balewahan sêpuh ||

324. Kuluk êmur jênar sêbe wilis | sinêkar argulo | pan magêri Suleman têsbèhe | cêripunira rinenda kuning | kacu gumbaya brit | lênggah anèng ngayun ||

325. Tuwin para lurah santri-santri | kang samya adandos | wus samêkta ngangge sakadare | pêpak sadaya uwus miranti | nulya ingkang prapti | Panukma Panamur ||

326. Pan ingiring para lurah santri | wus tata alunggoh | nabda aris mring Jayèngwèsthine | kula ingutus ramanta kyai | kinèn angaturi | rakanta sang bagus ||

327. Jayèngwèsthi aturira aris | mring kang raka alon | pan punika wontên utusane | rama jêngandika angaturi | mring paduka mangkin | Mongraga lon muwus ||

328. Inggih sumangga karsane yayi | adan nulya bodhol | sinongsongan ijêm sorot jêne | santri tata ngurung-urung ngarsi | miwah kang ngêtêbi | garêbêg ing pungkur ||

329. Ingkang anèng ngarsa Jamal Jamil | lan santri nèm golong | Jamal Jamil anabuh trêbange | ukur ngêbêm imbal kêmpyangnèki | kanêm bawa singir | lagune alandhung ||

330. Singirira mung kalimah kalih | ngalik-alik alon | sinauran lirihan wong akèh | pan gumrêmêng rêmpêg pawèh§ Prayoginipun / mawèh /. wingit | ngarsane kang singir | Jayèngraga bagus ||

--- 6 : 33 ---

331. Jêjêl uyêl wong kang niningali | jalwèstri rêbut (ng)gon | pan sakesuk mula panontonne | tumplak lawan wong sadesa kêrig | pêrapate prapti | manca-limanipun ||

332. Kurang ombèr ing paran apipit | kèh bêthèk abojod | tan adangu wus prapta lampahe | anèng masjid agêng wus miranti | ing panggenan mungging | pangimanan ngayun ||

333. Wus tinata jèjèr ing alinggih | urutan tuwa nom | tan balêjat apapak dhêngkule | ingkang lênggah kilèn lèr kiyai | Wanahita nênggih | nulya Ki Pangulu ||

334. Nulya Talabodin Nursukidin | Pranahita mrêbot | muritmurid. Jaki lan santri Luci-ne | ingkang lênggah lèr wetan kiyai | Bayi Panurtèki | nulya Ki Sèh Jamhur ||

335. Amongraga lênggah anèng ngarsi | kinubêng tuwa nom | lajêng kiwa têngên ing burine | sila bata apêpêt apipit | dalah ing surambi | ajêjêl supênuh ||

336. Sawusira rèrèh ingkang linggih | sadaya sakèh wong | dhêdhêp mênêng tan ana banènne | nulya Kyai Bayi Panurtèki | pamuwuse aris | mring Kyai Pangulu ||

337. Hèh Kyai Pangulu Basarodin | angrêsaya ingong | ningkahêna putraningsun Nikèn | Tambangraras lan Ki Amongragi | maskawinirèki | Kur'an kang aplalu ||

338. Nulya Ki Pangulu angijabi | tangawudira lon | Bismillahi rahman nirakim-e | ngusikum ngibadallah wanapsi | wabi takwalahi | ankahtu wangidun ||

339. Binta pulanin mintabi mahri | kada pan mangkono | ingsun ningkahakên maring Nikèn | Tambangraras lan Ki Amongragi | kalawan mas-kawin | Kur'an ingkang agung ||

340. Pakênira ngucap angabuli | Mongraga miraos | anrima kula ing paningkahe | Nikèn Tambangraras lawan mami | mas-kawin Kur'an-i | ngalim ingkang agung ||

341. Sarta amuruk ing awal akir | ahline kêtêmpoh | dadosa utang kawula mangke | ing dalêm donya rawuh ing akir | pangulu nulya ngling | wa barakallahu ||

--- 6 : 34 ---

342. Ngala kahèr wa bi palalihi | wise pan mangkono | Allahuma alipbinahume | kama alapta baenalmaki | walbardi wasalji | watin jangkêpipun ||

343. Gya sêksi Tabalodin jangjèni | sarwi nyêpêng jêmpol | (n)dika tampi jangji-dalêm dene | samangsane pakênira mangkin | aningal mring rabi | tri taun ing laut ||

344. Pitung sasi ing dharatan benjing | liya karyèng katong | tan trimane rabinira mangke | pêsthi pêgat tanpa talak sarwi | tinagih sri-kawin | Mongraga wus saguh ||

345. Sêksi kalih satunggale kyai | Nursukidin gupoh | maca donga Ngumur sabanjure | sinauran Amin gêr pra sami | wus paragat suci | ing paningkahipun ||

346. Nulya Bayi Panurtèku wiwit | sêsalaman gupoh | Amongraga ngabêkti salame | kinèn majêng sarwi wus ajarwi | marêk ing Kiyai | Wanahita sêpuh ||

347. Amongraga umarêk ing kaki | angujung ing pangkon | Kyai Buyut Wanahita age | andonga rabana-rabana wi§ Prayoginipun / pi /. | -donnya§ Prayoginipun / -dunnya /. kasanatin | wal bil arli ratu ||

348. Kasanatan wangadabanar-i | nulya ngrangkul gupoh | sarwi angaras-aras ulune | wus andonga§ Prayoginipun / anduga /. tejaning aluwih | sawusira nuli | salam mring pangulu ||

349. Tuwin dhatêng paman sadayèki | pra tuwa kang munggoh | wus mangkana anyampar ênggonne | pan Ki Buyut tansah nyandhing linggih | mangkana Ki Bayi | Panurta amuwus ||

350. Aparentah marang santri Luci | lah mara dèn gupoh | ajokêna sarah sêsanggane | nulya santri Luci angabani | kang sêsanggan nuli | sinaoskên ngayun ||

351. Kawan bokor gêng sinrêbèt putih | pan sampun sumaos | tinampanan mring Nursukidin-e | Talabodin Pranahita Jaki | abikut authi | (m)bukak srêbètipun ||

--- 6 : 35 ---

352. Ingkang kalih bokor gêdhang kuning | kang ro jambe suroh | sêlawat sêlawe reyal sisèh | dadya sèkêt kang sêlawe maring | pangulu pribadi | kang sêlawe didum ||

353. Kang pitulas mring Ki Talabodin | Nursukidin wong ro | molung reyal sajampêl parone | kantun wolu Pranahita jati | sami pandumnèki | ngawan reyal rampung ||

354. Tuwin jambe suruh gêdhang kuning | pandume mangkono | Kyai nuduh mring santri Luci-ne | kinèn mundhut ambêngan kêndhuri | sigra santri Luci | mundhut ambêngipun ||

355. Ingusungan mring wong magêrsari | slawe ambêng abot | pan gotong pat ambêng sawijine | sigra tinata ingkang kêndhuri | ing saetangnèki | tan ana kaliru ||

356. Nulya dinonganan majêmuki | gumêr Amin kang wong | ambata-rêbah Amin Amine | wus mangkana angêpung kêndhuri | anêlung-puluhi | ngrong-puluh nyapuluh ||

357. Amoloni ingkang angênêmi | samya nadhah dhokoh | santri cilik rusuh pamangane | rêrêbutan iwak nguwak-nguwik | duduh pindhang takir | pan kapyuk-kinapyuk ||

358. Dènwut-awut sêga sakêndhuri | kinarya (m)balang wor | samya kêlaprut sêga-jangane | rare sèkêt tukar ting jarêlih | liyan anyirati | kulambi myang kêthu ||

359. Comot-comot pênganggone sami | santri ting galêmbor | wuwuh rame kabèh santri akèh | sami misuh wênèh anggitiki | jarit olih nyilih | kasiratan duduh ||

360. Lagya ngangge pamèr sarwi bêcik | bagus mrih tinonton | têmahane abangêt isinne | ingkang rada sugih mulih salin | wênèh ngunguconi | ana morod mantuk ||

361. Guyu-ginuyu myang muring-muring | kathah solahing wong | tan cinatur yata wau Nikèn | Tambangraras kang ingapti-apti | kinusuma adi | busana pinatut ||

362. Runtutipun ingkang mara suci | ngulama kinaot | binusanan seta sauyune | pan asinjang alus gênis putih | sandhungan pangasih | sumèrèt ing pungkur ||

--- 6 : 36 ---

363. Sinèmbongan seta pinêrmasi | adining paraos | sawat jalêngut sibak cawine | citraning sêmèn parang taritis | dinrênjêman rêmit | gigiyon winêngku ||

364. Pipiyakan sarong ing pêngasih | caconthoking wangkong | talibane ing ngarsa amèpèt | ngawêng ing walikat pan pinirit | aturut maripit | têpung adu mancung ||

365. Pasingsêtan pamêkak ing ngarsi | sinumpêt anyonthong | udhèt seta pinarada adèn | pan rineka sorot tutumpaling | kang mandhala giri | pan kinayu-apu ||

366. Sungsun katri tinata rininggit | taptaping wiwiron | lêre mèpèt pan winiru têpèn | inyêpuhsinêpuh. kur-ukur mêdhok kêdhik | angêmbang undha sri | alandhung linuhung ||

367. Buntal seta argulo inganggit | puspa mara dalon | anggrèk wulan samboja mênure | mayang wingitan lan mandhakaki | sikatan saruni | sêmbulihanipun ||

368. Muwêr pinasang ngawêng ing wuri | anangga cêcanthok | buntaring buntal kanan keringe | dadya uncal gumantung arakit | wida jênar aming | tungtung rêmu-rêmu ||

369. Kalpika jumêrut mirah abrit | hèrlaut sumorot | sêngkang panunggul intên bumine | cundhuk mêntul hèrthathit nêlahi | tasik ngima nipis | sumilak sumunu ||

370. Wusira binusanan rêspati | tan ana winaon | Ni Malarsih tyas sangêt ngungune | myating putra tanpa samèng jalmi | ya talah si bibi | bisa gawe rungrum ||

371. Nulya Cênthini dènbusanani | sinjang cindhe ijo | sinêmbongan gadhung mêlathine | pinarada kinumudawati | las-alasan asri | buntal sêtaman rum ||

372. Ingudhêtan ing mêndhala giri | tumpal pinaraos | winidan jênar gêbêgan adèn | kalpika tajug mirah lilintring | sêngkangira adi | sêkar sêtaman byur ||

373. Langkung pelag Cênthini yu luwih | lir pangantyan yêktos | wusnya binusanan Cênthini nèng | wurinira Tambangraras sang lir | wintang anyêlaki | ing wulan sumunu ||

--- 6 : 37 ---

374. Tunggil teja kaot agêng alit | Cênthini katongton | pan angêpak wong sadesa yune | sawusira sang ro busana di | yata Ni Malarsih | malih rum amuwus ||

375. Lamun sampun wayah (n)dika bibi | kula bêkta mring (ng)gon | anèng dalêm wis akir sangate | Nyai Daya wuwusira inggih | sumanggèng karsèki | pan punika sampun ||

376. Nulya binêkta mring dalêm ngarsi | Tambangraras tinon | pan asukup tuwa nom myang rare | miwah kang anèng pawon ningali | samya tilar kardi | lumayu andulu ||

377. Sami praptèng dalêm amiranti | nèng jrambahing kobong | kalasa lus sungsun tri sinrêbèt | mamrih sinêbaran sarwa sari | nulya Luci prapti | tanya sampunipun ||

378. Ni Malarsih anauri aris | iya wus mirantos | santri Luci wangsul age-age | atur marang ing Kiyai Bayi | Panurta ngling aris | mring Mongraga wau ||

379. Tuwin mring kang sêpuh-sêpuh sami | sadaya rumojong | nulya nuduh mring santri Luci-ne | kinèn (m)budhalêna para santri | ingundhangan aglis | umangkat sadarum ||

380. Tinata jèjèr saurutnèki | sadaya wus bodhol | aprayoga ing lampah tatane | ulur ngurung-ngurung§ Prayoginipun / ngurung-urung /. kanan kering | miwah kang ngêtêbi | (ng)garêbêg ing pungkur ||

381. Miwah ingkang jalma niningali | gumêrah punang wong | jalu èstri mèpèt arêbat (ng)gèn | ingkang (ng)gendhong anak ting jalêrit | yêl-uyêlan sami | tan na rowang umung ||

382. Jêjêl nunjêl jujul papan pipit | kang jongkong-jinongkong | sawêrnine pagêr (n)jêro bêthèk | rubuh ingabyak wong niningali | lêbur katrinèki | dènilês lir rumput ||

383. Miwah wisma kang cêlaking margi | akèh omah dhoyong | kang ringkih rubuh êmpyak èmpereèmpère. | nora kêna wong akèh sinapih | wong dodol ting jêrlih | wutah mawut-mawut ||

--- 6 : 38 ---

384. Yata ingkang lumampah ingiring | sinaroja ing wong | ingkang anèng ngarsane pangantèn | Jamal Jamil wong ro anrêbangi | pong pêg tong ting tong grung | dhung dhung bêng pung pung brung ||

385. Santri nênêm ngêlik ngalik-alik | arum aruntut wor | sinauran ing wong sadayane | pan arêmpêg satitahe muni | mung kalimah kalih | lon lêlah alandhung ||

386. Amongraga lampahe awingit | cahyane mancorong | anêlahi pasamuwan kabèh | amiyarsa lêlagone singir | suhuling tyas dhikir | sangsaya anganyut ||

387. Tan rumangsa nèng jaman donyèki | mung akerat manggon | apan wus nora kabere-bere | anumusi tyas kang niningali | kathah (m)brêbêsmili | kapênêdên (n)dulu ||

388. Myat miyarsa solah-bawanèki | tyase kang mêrongkol | ngarak pangantèn kaya kêpatèn | ting salênggruk wong kari ningali | saking tyas kapengin | sangêt (m)barêbêl luh ||

389. Saking bungah-bungahe ningali | bêcik kang tinonton | Amongraga kinanthi astane | mring Ki Buyut Wanahita nênggih | lampahira ririh | kêthuyuk-kêthuyuk ||

390. Jayèngraga ambancèr nèng ngarsi | baguse katongton | kang tan wruh dènarani pêngantèn | anèh dhewe sigit anjêlanthir | wong kang nom-nom èstri | kathah kang kêpoyuh ||

391. Samya ngucap sru pating kalikik | darapon kadulon | kang liniring runtuh ting garègèl | salendhange wudhar gêlungnèki | kêmbên tan ngopèni | kêndho tapihipun ||

392. Datan ana mingkêm lathinèki | kèh nyêngoh mêngongoh | ana ngathungi kinang iribe | raracikan kinang suruh êmprit | ngêgar-gar dariji | ngêblongkên gumuyu ||

393. Amung Jayèngraga kang pinindir | rinêbut panonton§ Prayoginipun / pandulon /. | sabab bagus dhewe sigit dhewe | kanthèt dhewe (n)bancèr andhèwèki | wokaning pawèstri | (n)dhêrudhus angilu ||

394. Kulawirya solahe kinardi | lumaku tinonton | ginaguyu dene lir

--- 6 : 39 ---

pênamèng | malah nosot thithik jroning ati | tan madhani ênthik | thik ana wong bagus ||

395. Tan wus ucapkên kang niningali | tan adangu rawoh | santri pangarsa kèndêl praptane | jibèg ngadêg ngêpung angubêngi | têpung gêlang pipit | nganti ingkang rawuh ||

396. Pêngantyannya lagya praptèng kori | singir salin lagon | asrakal badrun ngala enane | pan gumuruh swaraning asingir | mêksih ngandhêg sami | asrakal anutug ||

397. Prapta kèndêl satêngah pêndhapi | pan amangu ngantos | ing jro wisma nulya mapagake | Bok Cênthini kinanthi nèng kori | nora kêna têbih | lan Nikèn Tambangrum ||

398. Kanan ingkang ibu Ni Malarsih | wuri mantu karo | Nikèn Turida Rarasati-ne | namung nênêmipun Bok Sumbaling | kang tumut njênêngi | kang sadaya lungguh ||

399. Sèh Mongraga kang kering Ki Bayi | kananira munggoh | muri§ Prayoginipun / wuri /. Jayèngraga Jèngwèsthi-ne | kanan Ki Pangulu Basarodin | kang sadaya maksih | ngadêg soring tarub ||

400. Langkung tata tetela kaèksi | kang nonton tan rusoh | plalah mêndhêt andha angadêmpèl | andha têpung parik turut pinggir | mung katon rêrai | cukup andêdulu ||

401. Sangsaya sru gumêrah swaraning | asrakal dèn-êtog | samya erak pinêksa swarane | miwah kang nonton cilik jalwèstri | sami tumut singir | sangsayèmbuh umung ||

402. Samya majêng lampahira ririh | gathuking patêmon | satêngahing kori gêng panggihe | antarane anèng jro lan jawi | gêgantalan gênti | ila-ilanipun ||

403. Toyèng bokor sêkar-sêtaman sri | pan kinuman êndhog | tinibakkên kumêprug pêcahe | wus siniram toyèng bokor nuli | tinètès toya tis | ing êmbun ping têlu ||

404. Nulya kinèn nêmbah padèng laki | Tambangraras gupoh | mêndhak nêmbah sumungkêm sukune | sarwi ngaras dalamakan iring | tuwin kanan kering | sawusnya alungguh ||

--- 6 : 40 ---

405. Nulya tinarik astanirèki | mring kang ibu alon | sigra kinanthi wau astane | wus praptèng (ng)gon tata sami linggih | Ki Buyut nêngahi | kang sadaya mêtu ||

406. Ingkang kantun amung Jayèngragi | kinèn lungguh kulon | cêlak mring kang raka pinangangtènpinangantèn. | jajar lênggah kilèn Jayèngragi | nuntên Amongragi | nuntên Kyai Buyut ||

407. Nuntên Nikèn Tambangraras nuli | Cênthini tan adoh | jèjèr wayang mangkana patute | ingkang ibu nèng ngarsa kapering | Turida Rasati | ro samya nèng ayun ||

408. Miwah pra bibi uwa lan nini | anèng wetan kulon | samya rêrasan pating kathuwil | iya talah bêgja Bok Cênthini | tinunggil alinggih | binusanan murub ||

409. Dadi pêngantène Bok Cênthini | pamaesan kaot | gêlung gambyong thinèrèkan jêne | apêpêtha lêlatha pipidih | caconthok acênthing | cicithak cêcênthung ||

410. Durung ngêrti ngong pangantèn iki | iku apa mêngko | têmu marang Jèngraga bakale | Jayèngraga dene anjêkithit | samya (ng)guyu ririh | dhuh mokal yèn têmu ||

411. Ukur dèn-gawe ngasrèn-asrèni | patah lanang wadon | pan mangkana pangucape kabèh | nuli lêladèn wedang nèng ngarsi | pra santri kang singir | asrakal wus suwuk ||

412. Kantun santri nênêm Jamal Jamil | lilirihan lagon | arang bême ngapinjal kêmpyange | panêrbange myang singire ririh | kataman nabiyi | ya Rasullulahu ||

413. Katam Muhammadun ngajan§ Prayoginipun / ngajam /. Ngarbi | sauran mangkono | nulya bawane pakam lahumèn | ayatin mashuratin nasili§ Prayoginipun / nasalki /. | tabu biha gadin | mashura puniku ||

414. Swaranira pan angasih-asih | êmpuk mêntul alon | ngombak-ombak arampak sajake | panrêbangira ngapipir ririh | pong ping ping pêk ping ping | tong ting tong brêng pong brung ||

--- 6 : 41 ---

415. Wus dumugi sarukuk kang singir | samya kèndêl aso | sadaya sinungan wedang êtèh | gula batu cêngkuwèh ti kucing | manisan mêpêki | ting-ting satru arum ||

416. Wusnya tutug nginum wedang sami | tan ana kalêson | nulya Kyai Bayi Panurta-ne | angandika marang ingkang rayi | dèn kêparèng ngarsi | sun-tuding gawemu ||

417. Si Suharja lan Wiradhusthèki | Panukma Panamor | Kulawirya myang santri Lucine | gupuh majêng ngarsane Ki Bayi | angandika aris | mêngko lamun wêktu ||

418. Mung parluwa bae salat Mahrib | nulya balya ing (ng)gon | pan rakitên kêndhurine kabèh | mangsa bodhoa kanêm si Luci | nulya bêdhug muni | Mahrib dhêng ping têlu ||

419. Nulya Ki Bayi salat mring mêsjid | bubar sadaya wong | samya salat santri sadayane | wong nonton wus mulih wênèh kèri | santri jalu èstri | sanggon-ênggon wêktu ||

420. Ingkang salat ngiras busanèki | mung Jèngraga karo | Kulawirya samya cucul mulèh | yata Suharja Wiradhusthèki | Panukma Panamir | kang arêbut pêrlu ||

421. Kulawirya lawan santri Luci | sigra marang pawon | angundhangi mring magêrsarine | kang sinomanira wus tinuding | pan rinakit-rakit | lan ulamanipun ||

422. Jèjèr rata kêndhuri pinarik | ambêngan bot-abot | têpung-gêlang pinggir pêndhapane | tigangdasa ambêng kathahnèki | ancak gêng dènbaki | gotong pat (m)barêngkut ||

423. Lam-ulaman tinata sinêling | ulam matêng wutoh | bêkakak wêdhus limalas kèhe | banyak bèbèk ayam lan kêbiri | wuwutuhan sami | kèhe tigangatus ||

424. Kajawi kang sinujèn sinapit | rinêmpah kinèndho | kang rinatêng binakar ginorèng | kang linêmbut ingagal sinuwir | ginodhog rinoti | kinukus sinayur ||

425. Lam-ulaman pêpak sawarnining | pêksi kewan êloh | samya ingolah kathah carane | cara koja lawan cara kaji | cara Jawa bumi | mawarna kang sêkul ||

--- 6 : 42 ---

426. Tumpêng wajar mêgana kêbuli | anggi sêkul golong | sêkul punar kêpyur ura angèn | sêkul biru kêndhit lawan abrit | cêmêng gorèng gurih | loyang pulên wuduk ||

427. Jangan mênir dhakowan lan tomis | asêm bobor loncom | cupang kala muncang bênce bècèk | mlêpah kuwah kare gule gurih | ladha dublêg tuwin | windu bubus mungut ||§ Prayoginipun / munggul /.

428. Padhamara jangan pindhang putih | bêlkothok myang lotho | pindhang tangkar banyak pindhang gêrèh | pindhang antêp kikil pindhang pipik§ Prayoginipun / pitik /. | pindhang keyong kijing | ece yoding sungsum ||

429. Dene ulam ingkang dhèndhèng-ragi | dhèndhèng kripik abon | abon rêmus lan abon wayange | dhèndhèng panjèn pêru§ Prayoginipun / paru /. miwah ati | abulusan sami | dhèndhèng gêpukipun ||

430. Dhèndhèng age daging age ati | age gêndhon tawon | age lidhah lan age umbute | age gêbung age oyod linjik | êmpal êmpuk kisi | lan pal êmpuk duduh ||

431. Êmpal tungtut limpa lawan ati | tak kapur kalêpon | ginjêl babad galêng lan sumpinge | babad tala lawan babad jarit | iso srêgan tuwin | glêpah ing bol pêndhul ||

432. Gurung widhungan lan sarèn dhidhih | bluthok pênthul pusoh | êmpal sakêndhi-kêndhi gêdhene | sawarnine kalak amêpêki | koyar lidhah gitik | rambak krupuk têrung ||

433. Srundèng sêmaradana lan gêbing | sarundèng mariyos | srundèng botor srundèng gundhil dhêle | êndhog kêkamal (n)dhog pindhang abrit | cêplok kamal tuwin | cêplok dadar sawut ||

434. Dadar lêmpit dadar wolak-walik | lawan dadar lajon | dadar kobis lawan dadar ledre | cêplok madon lawan cêplok jêngking | cêplok gimbal blênyik | cêplok untup-untup ||

--- 6 : 43 ---

435. Êndhog banyak brati lan maliwis | pasiran (n)dhog menthok | crubuk groto gorèngan laronne | gana tawon ênthung gana gundhik | olan-olan gangsir | èbi lawan lur juk ||

436. Bêsngèk wadêr bêsngèk tempe pitik | lan bêsêngèk tawon | trinil turlèk bontot miwah burcèt | opor bèbèk banyak menthog brati | por landhak trênggiling | opor bajing gêndhu ||

437. Bêkakak gimbal bêkakak kancil | kidang lawan bêlo | pêdhèt gudèl lan mênjangan kumprèng | kang ginorèng myang kang dènbakari | wêwêtahan sami | lan balêbêt kênthus ||

438. Gogorèngan kathik lan gulathik | pêking êmprit bondhol | manyar jowan lawan gudhawane | sribombok myang cuwiyun têrinil | lan kuthilang tuwin | dêruk lan drêkuku ||

439. Ayêm ati mênjangan lan masin | lan lêmêngan egol | gêthik dara drêkuku lan burcèt | gêthik drigul gêmak bontot trinil | turlèk kathik glathik | myang bang-bangan bubut ||

440. Gorèngan badhèr mrêmas lan lêntri | wira soca lênthong | tambra mèlêm arêng-arêng bancèr | gramèh bèkèk bêncolèng lan kêthing | kèpèk wagal gilig | tawès cakul kutuk ||

441. Sambêl-gorèng utak jroan ati | brongkos sambêl lethok | sambêl urang sambêl jengkol pête | [...] |Kurang satu baris: 10i. bêkothok bêlênyik | urip-urip kutuk ||

442. Sambêl jintên wijèn lan kênari | sambêl bawang laos | sambêl santên kacang lan kadhêle | sambêl kêluwak lêmpuyang tuwin | cabe mrica cai | dhèndhèng sambêl balur ||

443. Sambêl trancam congor pêcêl pitik | lele umbut tawon | laron êndhog wadêr plèlèk gêpèng | rêmpah gorèng gotong sidhat sili | rêmpah ênthung jangkrik | grigit pêlus wêlut ||

444. Gêcok bênêm bothok bêthik sanggring | kêndho lawan gadhon | êtum jamur wuku lan polone | barat kêtos§ Prayoginipun / kênthos /. êndhog lot cêpagi | druju watu kuping | kukuluban gambuh ||

--- 6 : 44 ---

358. Gambuh

1. Thokolan kacang-wuku | kara kêcipir kangkung lêmbayung | gundha gondhang adhêm ati kêndhal bandhil | mênjawun rajun rêmakjun | kakas banci lan kalêpoh ||

2. Combrang srunèn kêciput | rang-urangan ranggitan kilayu | luntas kapas papasan rêmpêlas pakis | kasèmbukan nalam§ Prayoginipun / salam /. katu | topêng patikan kêrokot ||

3. Carême kêpêl pohung | aha gayam panêgowang rahu | sambèng pacing cokol cangkring lan cêmpurit | pancasuda cungcungbêlud | godhong lolobak jêlegor ||

4. Brangbrangan boros bêstru | kêndhal kêmladheyan blêgkêtêpuk | kahwa wangon bêlimbing prêkosa sênting | dhadhap sobrang kudhu wêdhung | cêmbirit katisên kêtos ||

5. Krangèhan put wahung |§ Prayoginipun / putat /. jalumampang latêng lan kêmadhuh | soyar yah-uyahan pradapèng kusambi | tikêlan cèplukan bruhun§ Prayoginipun / jurhun /. | myang (ng)gon pradapèng karangkong ||

6. Kucila lan srigunggu | dhèdhètan myang tungkul puyung§ Prayoginipun / pucung /. sêntul | ron giyanti kêmiri ranti sêmanggi | suru tunjung walikukun | popokan lirih brus posor ||

7. Itêm§ Prayoginipun / Etim /. biri lan so-un | sarang-burung otot datan kantun | êtim dara tim bandêng bèbèk tim mêri | tim gramèh tambra tim bulus | tim gibas tim landhak mopol ||

8. Miwah lalaban agung | dhung-dhungan kacang kacipir timun | terong buncis kêcambah gudhe kêmangi | ranti bodhèh parewêlut | pête jengkol terong aor ||

9. Rawisan kulit jêruk | cokol bung gêlagah pupus kêncur | lokak sêlat kobis kucai sêlèdri | patrasèli brambang suru | ramênas sawi rawêtol ||§ Prayoginipun / worêtol /.

--- 6 : 45 ---

10. Kêceme kêmbang bêku | sêlèdêre salantara êbrut | kêwik singkêl lara gèrèng walang sangit | acar kecap lan tahucu | pêtis lombok abang ijo ||

11. Pêpak lawuhanipun | gudhang kuluban lalaban sampun | myang panganan lah-olahan amêpêki | tuwin woh-wohan sadarum | tinata nora kaledhon ||

12. Jajuwadahanipun | têtêl sasênik-sênik gêngipun | wajik kêtan salak mili lênga gurih | têtêl bang putih lan biru | têtêl gêdhang jênang dodol ||

13. Têtêl jagung jêwawut | sabun gada gêng sapupu-pupu | gêmblong lèmpèng lèn-ulèn pan abang putih | têtêl onggok gadhung walur | puli blêng sagembol-gembol ||

14. Wingka pudhak nug-anuk | jumunak gêthuk sagênuk-gênuk | kêrasikan gêplak madu sirat inthil | tawonan lan jênang jagung | gêrontol karag bêrondong ||

15. Nuntên sarabi kumbu | êmbêl-êmbêl lopis lan cêngkaruk | kêtan ragèn iwêl-iwêl wulak-walik | lêgandha lêpêt lu-ulu | ampyang gablog êlog-êlog ||

16. Lêlonthong unthuk-banyu | kupat tape brêm ledre lan satru | obat-angêt opak jaritan gulali | sarabikang§ Prayoginipun / carabikang /. gêti kabul | jipang ondhe-ondhe gandhos ||

17. Cêlorot roti-bolu | cêthot êmplèk kêpêl limpang-limpung | rêngginang bang tumpi cêriping gêrubi | calabiya§ Prayoginipun / jalabiya /. carangmadu | rambutan êbrêm kalêpon ||

18. Widaran apêm cucur | loncis gêblèg lêr-ulêran puthu | mayang dhulak bathok cangkir lawan utri | lêmpêr lêmèt lawan pasung | mêniran bantalan jongkong ||

19. Myang orog-orog garu | sagon kêmbangpala satru arum | kupapula rakkêling tèn-êntèn rangin | kèci randhakèli mêndut | têbon sumping plèrèd gêmpol ||

--- 6 : 46 ---

20. Pradapan ganggêng kanyut | kêmplang walangan sêmar tinandhu | sêmar-mêndêm sêmpora srikaya pipis | kopyortuban sagu jagung | kicak kolak loco mênto ||

21. Kang jênang bubur-lêmu | jênang-abang kalong jênang manggul | lahang caca-caca bêndha jênang candhil | grêndul kênul kukus jagung | karangrang galonjor§ Prayoginipun / galombyor /. lêmpog ||

22. Karangrang kêmbang cêmplung | apêm kocor urat sêga susu | rondhe dhawêt tape-kambang rujak-kawis | kolak kluwa waluh sukun | kinêndha-kêndha§ Prayoginipun / kinêda-kêda /. lan cao ||

23. Woh pisangraja talun | jêruk kêprok ranjam butun gulung | pêlêm nangka srikaya mulwa kuwèni | rambutan jirak kêpundhung | manggis duryan pakèl gowok ||

24. Langsêp pijêtan dhuku | dhuwêt bêndha sêmak maja mundhu | sarangan sawo kêleca lan kêcapi | siwalan wunglon kêlayu | jambu wèr kluthuk kêlampok ||

25. Sêmangka krai timun | wrêsah salak dhêle têbu awu | kacangcina kêtela uwi gêmbili | kênthang linjik talês kimpul | suwêg gacêng lan gêmbolo ||

26. Nyênyamikanipun wus | lah-olahan lan palagumantung | palakasimpar palakapêndhêm dening | sangkêp warnan pasaripun | kêmbang borèh lawan ampo ||

27. Sèkêt ancak ginunggung | kêjawi panjang rampadanipun | lan kêjawi ancak ibêr sèkêt supit | sadaya tinata rampung | rampadan sangkêp jabèng-jro ||

28. Mangkono wusnya ramput§ Prayoginipun / ramut / = rampung. | bakda Ngisa akir wancinipun | Kyai Bayi kang mêntas salat mring masjid | ingiring pra santri agung | ing pandhapa wus mirantos ||

29. Samya tata alungguh | sadaya santri saurutipun | têpung-gêlang jêng-ajêngan dènnya linggih | têpung kêndhuri anglanjur | santri nom-anom nèng ngisor ||

--- 6 : 47 ---

30. Soring têtarub têpung | kadya kang nginggil pangêpungipun | anèng kasah santri nom lan santri cilik | pandam ting kalêncar agung | padhang lir raina katon ||

31. Wusnya sami alungguh | Kyai Bayi angling mring pangulu | miwah marang Sêmbagi Jumêna tuwin | para ri myang dêmangipun | Purasari Pagêrwaos ||

32. Samya ingirid mangsuk | marang wisma kang liningan gupuh | praptèng wisma parèstri samya sumingkir | wus tata dènnira lungguh | Ki Sèh Amongraga alon ||

33. Ngabêkti mring Ki Buyut | nulya ngabêkti salamanipun | marang ingkang marasêpuhira kalih | nulya salam mring pêngulu | marang Sêmbagi Jumêna lon ||Lebih satu suku kata: mring Sêmbagi Jumêna lon.

34. Nulya mring pamanipun | Ki Suharja lan Wiradhusthèku | Ki Panukma Panamar Kulawiryèki | myang mring dêmang datan kantun | Purasari langkung anor ||

35. Sèh Amongraga sampun | nulya Nikèn Tambangraras ngujung | nguswa suku mring kang raka Amongragi | nulya ngujung mring yangipun | angujung mring sudarmèng ro ||

36. Warata sadaya wus | wangsul marang ing panggènannipun | nulya ingkang rayi kalih majêng ngarsi | tur bêkti mring raka ngujung | kalihira gêntos-gêntos ||

37. Wusnya mangkono wau | samya (n)donga wabarakalahu | ngala palalihi warahmanurakim | sawusira donga Sukur | Kyai Bayi matur alon ||

38. Marang Ki Bayi buyut | suwawi mijil prayoginipun | majêmukan lawan pra wayah nèng jawi | samya ngalap bêrkahipun | ing sampeyan kang tinuhon ||

39. Angandika Ki Buyut | iya bênêr mumpung aku wêruh | nulya tindak alon sarwi dèn-jagani | Mongraga kurmat tut pungkur | wusnya kinèn wangsul ing (ng)gon ||

40. Tata dènnira lungguh | nèng pandhapa Kyai Bayi muwus | mring pangulu kêndhuri kinèn (n)dongani | sung dhahar mule majêmuk | pangulu sandika gupoh ||

--- 6 : 48 ---

41. Angadêg ing (ng)gyannipun | marêp mangetan dènnya (n)donga sru | donga Rasul mumule majêmuk tuwin | Tulak Slamêt nulyèng Ngumur | nulya mingêr sru swarèng wong ||

42. Amin rêmpêg gumuruh | ambal-ambalan ambata-rubuh | Ki Pangulu anutug dènnya (n)dongani | amin sadaya tumungkul | asusuhun nuli lungguh ||

43. Ki Bayi lingira rum | marang Luci ki apa wus rampung | Luci matur inggih sampun gênah sami | ingkang (ng)gangsali angêpung | ingkang nyêdasani golong ||

44. Ngalihdasani ngêpung | nigangdasani saambêngipun | inggih botên wontên kang sumêlang kapti | Ki Bayi nyarakkên wisuh | payo (n)duduk sêkul wuloh ||