Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

362. Asmaradana

1. Mangkana Sèh Amongragi | anèng tajug pamêlêngan | wus ngambil toyastutine | mring langgar nulya asunat | sukril wuluk tahyatal | masjidi rong rêkangat wus | gya tangat tahajul rolas ||

2. Rêkangat nêm salamnèki | ngangkat usalli tangatan | tahjudi rakangatine | lilahi tangala Allah | -hu akbar kabiran wal | -kamdulilahi kasirun | pasubkabanalah bukratan ||Lebih satu suku kata: pasubkanalah bukratan.

3. wa asilan lajêng inni | wajahtu wajhiya lila | -di paras samwatina-ne | walarli hadib musliman | wamamati mahyaya | hu wa ma ana minal mus | -rikina ngênêngkên napas ||

--- 6 : 105 ---

4. Napas tanapas nupusi | nalika tan manjing mêdal | tangat pinardikakake | muslim jroning cêngêngira | witing cêngêng tatkala | angkating têkbir anuju | ing lapal Allahu-akbar ||

5. Kamot sanapas kang aring | cêngêng datan kalimputan | wus ngalimputi ing date | dating asalat wus munggah | marang sipating salat | sipat êsa pocapan wus | marang ing Asmaning asal ||

6. Asmaning salat kagêntin | marang apngaling asalat | salat wujude Hyang Manon | mangkono ingkang wus kawas | wusira ka-antêngan | alon amaca Alkamdu | sawusing Patekah nulya ||

7. Surat Ikram awal akir | gumulung rolas rêkangat | yèn anuju kalimahe | wasjud waktarip punika | ing sabên sinujudan | sêsalam dadya nêm wujud | ing dalêm rolas rêkangat ||

8. Tridasa nêm sujudnèki | wus tanjèh arambah-rambah | praptèng nêm salam akire | tahyat amaca sêlawat | atasing Nabi kita | myang mring kulawarganipun | iptitahe tumaninah ||

9. Mênêng sanapas mangsuli | lir nênge takbirratulkram | angliling kasuciayane |Lebih satu suku kata: angliling kasuciyane. purnaning tigang prakara | sucine bangsa badan | sucine lesan lan kalbu | kalbu mukaranahira ||

10. Mukaranah manjing kalbi | kalbi umanjing ing lesan | lesan umanjing badane | bedaning Gusti kawula | kawula wus nalirah | lir sagara lawan alun | winaspadèng jroning napas ||

11. Napas kang tan manjing mijil | aring linandhung sakala | alon asalam nêngêne | trêtip sarta tumaninah | rikat asalam ngiwa | wus bakda ing tangatipun | nulya tatrap wiritira ||

12. Amupit ing isbat napi | nakirah utamasitah§ Prayoginipun / mutawasitah /. | muta-awilah junune | panaul ing dalêm dad hak | sipat asih ing asma | asma ulkusnihi-nipun | makluk ingkang satariyah ||

13. Wus suhul muslim ing dhikir | triatus klimah sanapas | wusnya lan sanapas malèh | apan winot sakalimah | lailah ha ilalah | tinog mot sanapas landhung | bakda suhul wiridira ||

14. Andonga sukur ring Widi | gya tusmak tapakur ing Hyang |

--- 6 : 106 ---

anarima ing titahe | kandêl pangandêling Sukma | kang wujud bijaksana | nglimputi sakèhing makluk | ing bumi kasa kasapta ||

15. Têpakurira wus êning | asujud takrub mêminta | apura sakèh galate | ing sabên salat mangkana | pêrlu sênajan sunat | datan supe sujud takrup | yata Ki Sèh Amongraga ||

16. Wus purna tangatirèki | nulya linggar saking langgar | alon kondur mring dalême | yata kang anèng pêndhapa | Jèngwèsthi Jayèngraga | karsa sêsamuring dalu | ngandika mring Jamil Jamal ||

17. Payo ala nganggur Jamil | lêlagonan singir Jawa | sira empraka wong loro | kang liningan tur sandika | Jayèngraga ngandika | wawi paman awon nganggur | trêbange sami lèk-lèkan ||

18. Kulawirya anauri | ya prayoga mêngangguran | lan santri sapa kang mêksèh | matur gus Dawud Madiman | Amad-asra gus Nurya | kanca santri ingkang kantun | kados wontên tigangdasa ||

19. Nulya nyandhak trêbang sami | Jayèngwèsthi Jayèngraga | katri Ki Kulawirya-ne | Gandasana kang angêndhang | trêbang wus sinêntakan | kêndhang trêbang ginêmbrang wus | gumêmbrung Macan-garungan ||

20. Nulya bawa Jayèngwèsthi | ngêlik mêlung mêluk mêmbat | jêledrese jêlèdrese | kayu rasa awoh mirah | anulya sinauran | santri kathah gêr gêmuruh | sarta trêbang ajêngguran ||

21. Angguguk kêndhangirèki | wong sadesa kagyat myarsa | kêndhang trêbang pangguguke | sanès duk sore swaranya | gupuh kesah sami prapta |Lebih satu suku kata: ge kesah sami prapta. kang wus nonton wangsul (n)dulu | jêjêl pandhapa sakala ||

22. Jalwèstri jêjêl apipit | nulya Jamal Jamil emprak | kalangan lir sandhang lawe | gulêd lir kêkêt bundhêlan | coronge mubyar-mubyar | surungan sumbu-sinumbu | tarêbang magênturan ||Kurang satu suku kata: tarêbang sru magênturan.

23. Jayèngraga langkung apik | ngapipir asta akipyah | imbal ngatimang kêmpyange | ngagêm si Macan-garungan | ngêsorkên sakèh trêbang | abêning gêndhung bêm gêmbrung | brang prung prung brang dhang tung tung brang ||

--- 6 : 107 ---

24. Ping pyêk ping pyêk pong ping pong gring | tung plêk tung plêk plak blang plak blang | plung plung blêng brung bêm pyang pyèng |Kurang satu suku kata: plung plung blêng brung bêm pyang pyang pyèng. tong têk tong têng brung prung prung brang | byêg byêg grung gring grong gring byang | pêp pêp bah bah gur bah bah gur | gurnita swaraning trêbang ||

25. Nuli singir wuluh rawi | dening kukusing sanjata | lah tobata sauripe | mupung sira anèng donya | jaman kudhi upama | myat ing wuri sawah gunung | arahên olèh swarga ||Kurang satu suku kata: arahên olèh sawarga.

26. Jayèngraga dènnya singir | piyambak lan Sênu Surat | amèpèt anèng wurine | tan koningan ing ngakathah | swara rum abarungan | runtut tan lacut sarambut | nganyut-anyut awilêtan ||

27. Lir suling dènpênêrusi | kang miyarsa ngrês tyasira | sambada lan parikane | swara ngasih-asih ngaras | lir tangising alara | lantik-lantik manis arum | anyundari kapawanan ||

28. Santri kathah naurani | tampaning singir lan bawa | uga sru uga lirihe | kadya gêndhing padhalangan | ambanjêt jêjanturan | sauran lir tibanipun | ing gêndhing ramya barungan ||

29. lajêng sêdalu (ng)gyan singir | gêgêntèn santri kang emprak | myang salin-salin lagone | nutug dènnya salawatan | yata kang anèng wisma | wus malbèng ing jinêm arum | turida lan pra wanodya ||

30. Samya ring cêlak tilam mrik | manggyan nèng èmpèr paningrat | ngiras ningali singire | salong kang maksih jro wisma | samya cuki dhakonan | mung cèthi Cênthini wau | kang tan têbih ing tangkêban ||

31. Kang anèng jro tilam-sari | sira Ki Sèh Amongraga | lan Nikèn Tambangrarase | kang raka aris ngandika | dhuh yayi mau sira | paran wus pakolèh turu | kang rayi matur anêmbah ||

32. Inggih pikantuk sakêdhik | wanci sontên saliyêpan | kang raka arum wuwuse | pan sarwi anarik jangga | ingêlus larapannya | sang dyah rara tyas kêmêpyur | ngaringêt jangga pungkuran ||

33. Ragi kêmêpyur ing galih | Amongraga waspadèng tyas | dhuh sarèhna tyas siranggèr | owêl tancêping imanta | têpakurirèng Sukma | brantanira maring ngèlmu | aywa kasêlan ing ala ||

--- 6 : 108 ---

34. Kaworan maksiyat yayi | maksiyat iku minangka | dadya raganing setan mor | yèn pinarêngkên Pangeran | sira kalawan ingwang | yèn wus krana Lah ing kalbu | tyas wantah tan kawoworan ||

35. Kang pitaya ngawal akir | sun iki wus wajibira | sirèku wus wajibingong | samangsa mangsaning sangat | tan ana antaranya | parlu talabul ing ngèlmu | mrih utamaning kasidan ||

36. Kang rayi marêm tyasnèki | manêmbah matur ing raka | inggih kawula wiyose | namung jrih sarèhne datan | tate cêlak ing priya | ing jaman dèrèng sumurup | lan dèrèng wontên tyas amba ||

37. Tan liyan kawula kapti | namung sih nugrahaning Hyang | bodho tumamèng ahline | kang mijil wuwulang tuwan | angêntas durakamba | kawula sêdya anglêbur | lan tapak dlamakan tuwan ||

38. Sèh Mongraga ngandika ris | ya yayi Alkamdulilah | muga palal de Hyang Manon | mring sira kalawan ilham | wiwinih kahidayat | kang rayi nêmbah umatur | mugyantuka bêrkah tuwan ||

39. Kang raka ngandika aris | yayi mungguhing ngagêsang | wajib mukmin lanang wadon | dèn-patitis salatira | aywa pot sabên dina | lan sabên wêngi kang prêlu | bangsa ati lesan badan ||

40. Parlu tri iku dènapik | kasdu takrul takyinira | aywa (m)buru cukup wae | kasdu kang bangsa ing badan | kang takrul bangsa lesan | [...] |Kurang satu baris: 8u. kalbu mukaranatuha ||

41. Yakin wruh prabedanèki | rêkangate luhur ngarsa | Mahrib Ngisa lan Subuhe | rong rêkangat tri rêkangat | [...] |Kurang satu baris: 7a. takrul lesan kir'atipun | wawacan ingkang pasekat ||

42. Dawa cêndhak kandêl tipis | agêng aliting aksara | parlu kang cêtha wacane | Patekah prêluning salat | dèntêntu wayahira | Luhur Ngasar Mahribipun | Ngisa Subuh wêktunira ||

43. Ywa Luhur yèn durung manjing | ywa Luhur yèn pot wayahnya | ing wayah ana watêse | Lohor pêcak ro ing siyang | kang Ngasar pêcak sanga | Mahrib suruping suryèku | pote sorote kang abang ||

--- 6 : 109 ---

44. Yèn wus (n)tèk sorot kang abrit | yeka manjing wêktu Ngisa | prapta ing têngah wêngine | wêktu Subuh antaranya | pajar gidib sorot bang | kasdu badan sujud rukuk | kang tatela ing antara ||

45. Sujud loro lèrèn linggih | iktidalira kang nyata | ngadêg lir ngadêg maune | ywa katimpah ing pratingkah | kaworan obah-obah | obahe sajabanipun | ing salat batal badannya ||

46. Mung obah salat pribadi | tan kêna liyane obah | lan malih tapakmu karo | ywa singsal kang kukuh napak | patinên jêmpolira | ywa mingsêd saking (ng)gènnipun | cêngêngêna badanira ||

47. Poma yayi ingkang suci | sucèkêna badanira | iya iku pratandhane | kalbu mukminin bitolah | ya wong kang êkas salat | ngêgungakên ing Hyang Agung | sadinane sawênginya ||

48. Lire mukaranah yayi | kang rêncang têgêsing lapal | kang barêng aja têlangke | kang lapal Alkamdulilah | têgêse sakèhing kang | puji kaduwe Hyang Agung | kang murba wisesèng jagad ||

49. Lan lapal rabil ngalamin | tanjèhna tyas têgêsira | Pangeran ing ngalam kabèh | rohman rahkim têgêse |Kurang satu suku kata: 8a, rohman rahkim têgêsira. kang amurah ing donya | kang asih akeratipun | kalawan malih ing ngarsa ||

50. Malikiyao-midini | têgêse ratuning dina | kiyamat basa ing têmbe | sakèhing lapal kang awal | karya panggunggunging Hyang | wajib mukmin èstri jalu | ngunjukkên puji sêmbahnya ||

51. Ing sadina ing sawêngi | iyakanakbudu lirnya | amba nêmbah Tuwan mangke | langip ing badan kawula | wêdi amba ing Tuwan | wa iyakanastanginu | têgêse nênuwun amba ||

52. Pitulung Tuwan kang mugi | anguwatna agamamba | myang kang agama sakèhe | lapal ihdinasiratal | têgêse mugi Tuwan | tuduhna iman lan ngèlmu | nuli lapal mustakimma ||

53. Têgêse kang lêrês ugi | sarta Tuwan anuduhna | sadaya ing ngèlmu salèh | lapal siratal-ladina | an-ngamta ngalèhim-nya | mugi Tuwan sung pitulung | mulyane ilat kawula ||

54. Ngalèhim têgêsirèki | ing Tuwan anuduhêna | imaning pra Nabi kabèh | lan para wali sêdaya | kang asih maring Tuwan |

--- 6 : 110 ---

Tuwan kasihi sadarum | asiha Tuwan mring amba ||

55. Tuduhna marganing Nabi | sadaya para ambiya | lapal gèril-maklubi-ne | têgêse mugi dinohna | ing cipta ingkang liya | lir wong kapir Yahudi yun | kang sami tampi dêduka ||

56. Kang amungsuh Kangjêng Nabi | Musa kapir Yahudiya | amaido ing kitabe§ Kalih gatra kacetak miring punika, ing Serat Centhini babon ingkang kalatinaken boten wonten. Punika pethikan saking Serat Centhini-Pisungsung. | ing kitab Torèt punika | wong maido ing kitab | kapir sasat kapir nêngguh | ing kitab satus sêkawan ||

57. Lapal ngalèhim walalin | atas kang sinung kamulyan | lyan kang sami sasar kabèh | anungsung (n)Jêng Nabi Ngisa | maido lawan kitab | Injil kapir Nasraniku | kapir ing kitab sadaya ||

58. Sapa kang maido maring | Nabi sawiji prasasat | kapir mring pra Nabi kabèh | wajibe mukmin sadaya | iktidal mring Pangeran | mugi Gusti ingkang Agung | angapura ing atobat ||

59. Mangkono yayi dèn-eling | yèn sira mulya ing salat | yêkti mulya wêkasane | wajibing mukmin sadaya | Patekah mring Hyang Suksma | sadintên lawan sadalu | mali pitulas Patekah ||

60. Arukuk marang Hyang Widi | sarta tumaninahira | sadina lan sawêngine | samya mali pituwêlas | wajib iktidal ing Hyang | lawan tumaninahipun | samya wali§ Prayoginipun / mali /. pituwêlas ||

61. Wajib sujud ing Hyang Widi | sarta lawan tumaninah | sadina lan sawêngine | mali tridasa-sêkawan | sêlaning sujudira | yayi wajibing alungguh | pitulas dalu lan siyang ||

62. Wajib tahyat mring Hyang Widi | lawan tumaninahira | ping sanga rina wêngine | wajib salam mring Hyang Suksma | sawêngi lan sadina | mali ping lima puniku | de parluning salat kèhnya ||

63. Sadina lawan sawêngi | kalih-atus kawandasa | punjul sêkawan kathahe | salat Subuh tigangdasa | langkung kalih dene kang | Luhur sèkêtnêm winuwus | Ngasar sèkêtnêm kathahnya ||

--- 6 : 111 ---

64. Patang puluhpat Mahêrib | lan malih ingkang winulang | sèkêtnèm Ngisa lan malèh | wajib mukmin tur ruruba | ing dalu lawan siyang | mring Pangeran ingkang Agung | têgêse tahyat akirnya ||

65. Kaping lima wajibnèki | alungguh lawan sahadad | kalimah kalih salame | rina wêngi kaping lima | lawan donga salawat | rahmad Nabi Muhammadun | raina wêngi ping lima ||

66. Nuwun sêlamêt dunyèki | akerat lan ingkang muga | mukmin agamislam kabèh | muga Tuwan ngapura-a | ing mukmin sadayanya | iku yayi kang kacukup | mukaranahing asalat ||

67. Yèn ta durung angawruhi | ing sidiking mukaranah | salate mung èstri bae | wa mangkana papangkatan | kèh-kèhe makluming Hyang | têlung prakara liripun | bangsa ngam êkas lan kawas ||

68. Kang muga sinungan yayi | palal ilhame Hyang Suksma | kawase tyasira mangke | yèn sira santosèng salat | hidayat sinung rahmat | yèku wêwaton linuhung | manut kang luhung waunya ||

69. Midak tapake kang dhingin | ing wuwuri kang wus tama | lire amidak tapake | tapake wong ahli swarga | tapake nèng jilidan | jilid kang kawuwus wau | satus-sakawan kang kitab ||

70. De yayi sorahing Kadis | sing sapa bêndu wong ika | mring wong alim sawijine | aprasasat bêndu marang | (n)Jêng Nabi Rasullolah | sing sapa bêndu mring Rasul | sasat bêndu marang Allah ||

71. Sing sapa bêndu ing Widi | (ng)gonne pêsthi nèng naraka | sing sapa ngujung maring wong | alim sawiji prasasat | ngujung (n)Jêng Rasullolah | sing sapa ngujung mring Rasul | sasat ngujung marang Allah ||

72. Sing sapa nêmbah ing Widi | (ng)gonne pasthi nèng suwarga | kang muslim rasa tokite | sapa asih mring wong Islam | sasat sih raganira | kang sêngit mring wong Islam wus | sêngit ragane priyangga ||

73. Yèn wong asih ing sêsami | asih ragane priyangga | kang sêngit [sê...]

--- 6 : 112 ---

[...ngit] mring wong Islame | sasat sêngit raganira | kocap kitab Adkiya | Ulumodin§ Kitab Ihya-a Ulumuddin karanganipun Imam Al Ghazali. juwahirru | kinèn atut asêsanak ||

74. Pakolih solate da-im | salat da-im iku apan | ya yayi trape mangkene | kang tan kèndêl dhikirira | panjing wêtune napas | wêtune napas lapal hu | manjing napas lapal Allah ||

75. Tan kandhêg raina wêngi | nadyan yayi sira nendra | aywa pêgat duk layape | lan satanginira nendra | sambunge kang hu-Allah | ing napas kang manjing mêtu | prihên lantih kalbunira ||

76. Lan amaca Kur'an adi | asalata andonga-a | sanadyan rarasan dene | mring mukmin myang sama-sama | ponpan. yayi aywa pêgat | da-immira mring Hyang Agung | yèku tekat kang kas kawas ||

77. Para Nabi para Wali | ya mangkono lakunira | tuladan kang wus minule | laku kang luwih utama | tandhane kinasihan | Kadis Juwahir pitutur | sing sapa mukmin kang kêras ||§ Prayoginipun / kêrsa /.

78. Sapocapan ing Hyang Widi | amaca-a Kur'an uga | kang bisa lohad murade | iya iku aprasasat | pocapan lan Hyang Suksma | kitab Insankamil wuwus | Kur'an akadiyat uga ||

79. Dene kitab sadayèki | Purkan wasta huluhiyat | basa huluhiyat lire | wahdad wakidiyat ika | satus-sêkawan kitab | iku Purkan namanipun | Kadise para anbiya ||

80. Denèng witing kang dumadi | yèku saking Nur Murmuhamad |Lebih satu suku kata: yèku saking Nur Muhamad. apan kathah jujuluke | kang nama êgar§ Prayoginipun / ênur /. Muhamad | ingkang rumiyin akyan | -sabitah jujulukipun | dene kaping kalihira ||

81. Ajujuluk ngadam-mukmin | [...] |Kurang satu baris: 8a. roh-ilapi kaping pate | iman-mubin kaping lima | kakul-hasya ênêmnya | kanjul-kapi kaping pitu | badrul-ngalimu wolunya ||

82. Adam awal sanganèki | kalam kang kaping sadasa | dene kaping sawêlase | ajujuluk Rasullolah | roh-ramani pingrolas | nglam sahir têlulasipun | ngalam-kabir kawanwêlas ||

--- 6 : 113 ---

83. Jangkêp jujulukirèki | kitab Adkiya§ Maksudipun: Ihya-a (Ulumuddin). asorah | sapa kang tan wruh juluke | ing (n)Jêng Nabi Rasullolah | Islame ora êsah | ing kitab Markum pitutur | mungguh bangêting sarengat ||

84. Salam limang wêktu nênggih | asal saking Nur Muhammad | johar-awal wiwinihe | roh-ilapi ingkang nyata | (n)Jêng Nabi Rasullolah | asale puniku nênggih | saking sipat jalal jamal ||

85. Ya iradat karsèng Widi | wong mukmin kang wus ngulama | ngalap kusus ing murade | ing kitab Durat kalawan | kitab Talmisan ika | lan kitab Asanusiku | kitab Matakul-mubina ||

86. Kususing murad kang rasih | muktamat sidik ing nyawa | (n)Jêng Nabi Rasullolahe | ngalèhisalam kang nyawa | tan mêdal saking sipat | jalal jamal kalihipun | dene wêdale kang nyawa ||

87. Saking sipat kahar nênggih | lawan iptikar punika | sababe wus nunggal dene | ing maklukira Hyang Suksma | dene yayi kang sikap | manjing ing iptikar iku | lan kang manjing sikap kahar ||

88. Sipat kodrat iradati | ngilmu kayat lan kadiran | muridan lan ngaliman-e | kayan lawan wahdaniyat | sipat sanga punika | wajib mungguhing Hyang Agung | sipat kêkalih kang wênang ||

89. Nganyaring alam sêkalir | nora sung anyaring alam | kocaping dalil Kur'an-e | muni ing surat Anbiya | Ibrahim kalamolah | tatkalanira tinunu | lawan wong kapir samana ||

90. Tan tumama sarirèki | wulu salamba tan owah | iya itu pratandhane | kang alam tan angsung anyar | dene yayi kang sipat | manjing istigna puniku | kasugihaning Hyang Suksma ||

91. Sabab dening andarbèni | sipat kathahe sawêlas | kang wênang mung sipat roro | sipat istikar§ Prayoginipun / iptikar /. istigna | mungguh asmaning Allah | karya ngalam sadayèku | nora wajib nora mokal ||

92. Kewala mung wênang ugi | mungguh Hyang Agung akarya | ing alam kabèh marmane | nama sugih Hu Tangala | tan kêna

--- 6 : 114 ---

kinaya-pa | karya sampêt ing sawêgung | pan ora ngalap manpangat ||

93. Beda lan makluk puniki | yèn kasap ngalap manpangat | sabab ngambong sariyahe | ana dene ingkang sipat | manjing maring istigna | sawêlas wajib Hyang Agung | sipat wujud kidam baka ||

94. Mukalapal lil kawadis | wal kyamu binapsi-ika | lan samak basar kalame | samingan lawan basiran | jangkêp mutakaliman | pan sawêlas ingkang masuk | marang ing sipat istigna ||

95. Nama Johar-awal nênggih | apan kinarya pratandha | kanyataaning Hyang Manon | kalamun Allah kawasa | pan ora ana ingkang | kinarya dadi rumuhun | pan namung Ênur Muhamad ||

96. Nyawa Rasul dènaranni | gêdhong latip pasimpênan | mung Allah kang murba dhewe | animpêni ing asya-a | kinèn sujud sakala | johar awal nora sujud | ngaku dadining priyangga ||

97. Johar-awal kinèn kardi | ngalam kabèh nora bisa | wus angrasa ing apêse | nulya sujud johar-awal | mring Allahu Tangala | kaping lima sujudipun | sasampunira mangkana ||

98. Kinarya dewa Hyang Widi | ingkang roh lawan sarira | wusnya balèg ing ruhyate | kinarya mukki§ Prayoginipun / mulki /. kabiban | jumênêng Nabiyullah | Muhamad Rasullolahu | salalahu ngalèhisalam ||Lebih satu suku kata: salahu ngalèhisalam.

99. Mulane yayi awajib | kita punika asalat | limang wêktu ing wajibe | ya bênêr yèn ana ucap | asalat karsa Allah | [...] |Kurang satu baris: 8u. kapir ya karsaning Allah ||

100. bênêr dadi luput yayi | sêbab durung wruhing kak kas | kudusi Kadis imrate | wangkote ing johar-awal | têtêp pratandha êngam | wêkasan nuli asujud | marang ing kêlaratullah ||

101. Saèstu dalil kang akir | kang dadya tulad utama | kêrana johar-awale | sawuse sujud Hyang Suksma | ginanjar gya kinarya | kabibu Rasullolahu | nabi panutup wêkasan ||

102. Mangkono kang wus wruhing lid | yayi sira wus ahli bab | sabobote wanodya nom | ing sapantaran tan ana | èstri kang

--- 6 : 115 ---

kaya sira | kinalilan ambukak buk | jilidan gêdhe wus palal ||

103. Tapsir Kur'an pan wus ramping | jamanira wus utama | nanging ta yayi dènwêroh | walêr sangkêre agama | tan kêna ginagampang | yèn kaprècèt dadi lacut | pêcat imane cat-catan ||

104. Kringga ganjaran donya kir | yayi dènwaspadèng tekad | kang wajib lawan mokale | mung kadasing Rasullolah | kang wus rasèh muktamad | minangka gagawaripun | wajibe Rasul titiga ||

105. Kang sidik amanat haglig§ Prayoginipun / tablig /. | yèku wajib sinantosan | iya têtêlu mokale | kang gidib kianat kitman | kang iku sininggahan | karana wong sugih ngèlmu | upamane kayu gurda ||

106. Rubuh dening ani-ani | wong kang wus kèh kawruhira | apês dening têkabure | poma yayi dènkawangwang | wajibing Rasullolah | yèku têtalining ngèlmu | kang rukuh aywa pepeka ||

107. Kang rayi sumungku ajrih | nêmbah sarya ngraup pada | alon mlas-asih ature | mring raka angêmu waspa | saking jrih sukurira | inggih kawula pukulun | saking barkah (n)Jêng paduka ||

108. Angsung ladhang ing ngarungsid | angsung panggih ing ngaical | lan asung gampiling ewoh | pêtêng tyas amba ing mangkya | sinung padhang nêrawang | têkabul amba ing wau | dèrèng uning ing wêkasan ||

109. Ing mangkya tuwan minihi | angoyod durakèng badan | suruping mirat logate | kang tartamtu ing kasidan | ing mangkya tyas kawula | rantas rêrêngkêding kawruh | tan sumêlang ing watêsan ||

110. Amba tan nêdya miyarsi | liyaning wuwulang tuwan | sanadyan dalil Kadise | yèn dèrèng dados karsanta | kalangkung jrih kawula | sumanggèng karsa sakayun | ngong kumambang ing wisesa ||

111. Angga kawula sadarmi | ing donya praptèng ngakerat | datan rumaos adarbe | darmi kawula tumindak | amba nut karsa tuwan | datan sumêlang salugud | punapa rèhing (n)Jêng tuwan ||

--- 6 : 116 ---

112. Kang raka ngandika aris | ya yayi Alkamdulilah | muga lulusa ikrare | sinung ilham ing Hyang Suksma | lan sarta kinuwatna | yayi ibadahirèku | lan têtêpe imanira ||

113. Kang rayi konjêm ngabêkti | ing raka sukur ing Suksma | alon matur ing kakunge | inggih mugi nastijaba | sabda tuwan ing amba | kawula kalangkung nuwun | narima amba ing tuwan ||

114. Yata ni cèthi Cênthini | sadangunira miyarsa | arêrasan bêndarane | manahe nora nalimpang | tinungge pangrungunya | mèh tan pae lan sang ayu | olih manpangat padhang tyas ||

115. Sèh Mongraga ngandika ris | yayi iku cèthinira | si Cênthini sasuwene | tan lunga-lunga nèng dagan | nora myat salawatan | sira tan anuduh-nuduh | bêtah angadhêp ing sira ||

116. Kang rayi matur ngabêkti | pan inggih rumiyin mila | pun Cênthini subrangtane | ing ngèlmi kang kinarêman | pan sampun tap-untapan | lawan kawula puniku | ngaos Kur'an miwah kitab ||

117. Wus tumindak ngaos Têpsir | sakêdhik maksih kuciwa | dèrèng parigêl murade | myarsakkên paduka mulang | mila punika anak | pan mindhak sumêrêpipun | kathah ingkang kacathêtan ||

118. Yèn mangkono iku yayi | ing sabên sira ngong wulang | konên angaji Têpsire | manira kang angsung murad | marang sira supaya | dhèwèke milu sumurup | sasat sira kang wèh wulang ||

119. Kang rayi umatur inggih | ngandika mring cèthinira | lan Cênthini sira mangke | kinarsan ngaji nèng ngarsa | ya sira pira-pira | pan katrima pandongamu | antuk idayat winulang ||

120. Cênthini matur ngabêkti | saking sajawining gubah | inggih bêndara ing sihe | kang dhumawah gêbal tuwan | nugraha kinalilan | kang abdi kalangkung nuwun | punapamba walêsêna ||

121. Sih bêndara maring dasih | tan sagêd amangsulêna | sarwi anundha sêmbahe | tan cinatur sadangunya | yata kang anèng pêndhapa |Lebih satu suku kata: yata kang nèng pêndhapa. ingkang trêbangan gumuruh | santri samyèmprak arahab ||

--- 6 : 117 ---

122. Mangkana wus bangun akir | bêdhug têlu dhêng wayahnya | Jayèngwèsthi lon dêlinge | payo sêdhênge bubaran | sayah sêdalu pisan | iku wus awal ing Subuh | pra santri matur sandika ||

123. Sadaya wus samya pamit | kang paman myang para lurah | santri anggawa brêkate | kang nonton wus samya bubar | sadaya asowangan | salong kêdhik ingkang kantun | lurah lèrèhan piyambak ||

124. Jayèngraga matur pamit | ing raka wus kinalilan | nulya kondur lan garwane | Nikèn Rarasati sigra | kinanthi astanira | sêlir tri umiring pungkur | lan parèstri rencangira ||

125. Dumugi wetan pêndhapi | kang rayi nulya ingaras | aras krêp kanan keringe | kang rayi ngêsah anêngkah | ambakna darbe karsa | wontên wong sadonya ngumbuk | andadak sadhengah-dhengah ||

126. Kang raka gumujêng angling | nadyan wong sadonya wiyah | ngrawati mataning kodhok | kang rayi sigra ingêmban | pan sarwi ingarasan | rinungrum ing srênggara rum | ririh lir sabdèng brêmara ||

127. Mangrêngih manguswa sari | Jèngwèsthi angling mring garwa | dêlêngên adhimu kae | lir wong katêmbèn anyaran | matur Nikèn Turida | dhasare radi kêbacut | rinta lir wong tan kaopan ||

128. JayèngsèsthiJayèngwèsthi. gumuyu ngling | ugungên wae rinira | brêkate wong anom mono | wau kang rayi Jèngraga | samarga priyêmbada | dhuh wong ayu mirahingsun | sangêt kangênku mring sira ||

129. Mêngko banjur wae yayi | anendra ing karasikan | kang rayi mopo ature | kang garwa dinugèng driya | mopone samudana | mondhong liniyaning bau | sarya ngisêp payudara ||

130. Praptèng palataranèki | Jayèngraga astanira | ragi angganjêl raose | kang kèri nangga pondhongan | astane ingkang kanan | lon analusur lambung |Kurang satu suku kata: lon-lon analusur lambung. prênahe kêndhit pungkuran ||

131. Wus tetela yèn turanggi | kagyat kang raka têtanya | lo apa sira iki kèl | angglong jaja kadhung ing tyas | kang garwa lon turira |

--- 6 : 118 ---

jrih ing raka èsmu (ng)guyu | inggih sawêg magut wulan ||

132. Kèndêl jumênêng pan mêksih | kang rayi anèng ngêmbanan | kang raka nauri alon | maune duk Ngasar ora | bêcak-bêcik kewala | dèn-goroh wae sirèku | sarwi ngaras payudara ||

133. Kang rayi rinêmih-rêmih | dangune pinriyêmbada | dadya gêgêtun galihe | rasa-rasa yèn wurunga | kulinaning asmara | gêla galih lir kêtunu | sêndhêt ature mring raka ||

134. Singgih wiwitipun mijil | kala ngajêngkên asrakal | mak prol tan nyana lamun kèl | sontên tan ana karasa | adat mawi antara | kraos pêgêl boyok lambung | punika lajêng kewala ||

135. Kang raka nauri aris | sarwi ngisêp wonga-wonga | lah kêpriye mono kiye | astane kering kang garwa | rumangkul jangganira | asta kanan kinèn ngakup | anêkêm kagunganira ||

136. Kinêpêl-kêpêl pinidih | sarwi ngêsês kalihira | sarta mèt iriban ing wong | Jèngraga sangêt dènnyarsa | kang garwa kagunturan | samya kadung kalihipun | kapalang dening lambaran ||

137. Alon kondur ing wismèki | ingêdhunakên kang garwa | maksih kang asta têngêne | kêkêt ing warastra maksa | kang raka lon lingira | senggane bok ngalang banjur | aran wong mêkruh kewala ||

138. Kang garwa umatur ririh | paduka marahi rêsah | kados kirang dintên malih | kang raka ngling sapuluha | wong kaya mangkeneya | kang raywa ngling de puniku | si Giyah si Sikêm ana ||

139. Tiga pun Ragil anjêngil | liyane wontên kewala | rare prawan sadhengahe | dèrèng pringkilên tanggungan | senggane kinarsanan | sun pêthèk mati (n)jêngkêrung | sêmèntên niki mêmala ||

140. Sarwi gumujêng ningsêti | pangênêtirèng warastra | yèn ta pinêksa-a dene | mring raka narahnyarah. kewala | wite wis wingi mula | tyas wulangun mring sang bagus | ature asamudana ||

141. Kang raka sangêt tyasnèki | karsa rarasing wanita | ambêngkayang guguthule | kêncêng lir balêbês kalang | tyas mupus lon lingira | ya wis si Giyah wae wus | kang garwa gumujêng turnya ||

--- 6 : 119 ---

142. Pun Giyah puniku wingi | tingal kula mapag tanggal | wikan punika kang roro | pun Sikêm Ragil mênawa | datan amapag tanggal | kang raka solahe gupuh | sarwi angaras kang garwa ||

143. Ya wis uculêna yayi | sakêdhap arsa anggarap | anumpu sêlirku roro | kang garwa arasa-rasa | kang asta yèn ucula | ngêsês anguculkên gupuh | sarwi cinênêng nêt-nêtan ||

144. Wus lukar dènnya nêkêmi | nulya mijil Jayèngraga | sêlire masih nèng ngèmpèr | Jayèngraga angandika | maring ro sêlirira | ro kinayuk jangganipun | binêkta mring gandhok wetan ||

145. Wus prapta ing tilam kanthil | Jèngraga ngling lah wuda-a | Sikêm matur lah kula kèl | kogêl galihe Jèngraga | boyoke ginêrayangan |Lebih satu suku kata: ginrayangan. ling duk kapan lèhmu masuh | matur winginipun siyang ||

146. Payo sira wae Ragil | age wuda-a sadhela | wus bêgjamu sira dhewe | Ragil nêmbah lon lingira | bêndara nuwun duka | kawulèwêd nggarap santun | Jèngraga atêbah jaja ||

147. Dadi kêjujur sun iki | èsmu muring-muring duka | kabèhane dilêlèngèng | (m)bok aja ajak-ajakan | agawe kêmlaratan | sarwi ginêrayang suku | lo dene ki dene ora ||

148. Matur sawêg sapuniki | hèh agoroh wae sira | mara êndi sun dêlênge | nulya nyunyunge ginagap | nyok asta kêtêlêsan | tinarik jingga kadulu | kipa-kipa gya tinoya ||

149. Ginuyu ing sêlir kalih | sarwi anuruhi asta | kang siji ngosoki bêrsèh | angling (ng)guyu-(ng)guyu duka | hèh kabèh kêna nglara | kêthèk oglèng padha buntut | sêlir loro thinothokan ||

150. Kêpadhil wong disêkait | lah ya uwis sira padha | ambungana bae sinèh | jumênêng sarwi angliga | agupuh sêlirira | samya nêkêm rêbut pucuk | samya ngaras sêsengokan ||

151. Sengok-sengok gênti-gênti | Jèngraga ngling lah wis aja | suwe-suwe nèk mêcothot | nulya lukar ing têkêman | Jèngraga sigra mêdal | nuduh punakawanipun | loro Sêtu lan Kadiman ||

152. Hèh bocah loro dèn-aglis | undangên si Sênu Surat | yèn isih ana ing kulon | gage kêbat lumayuwa | yèn kulon nora nana | jujulên ngomah dèn-gupuh | Sêtu Kadiman lumajar ||

--- 6 : 120 ---

153. Kalintangan§ Prayoginipun / Kalintingan /. Jayèngragi | midêr-midêr nèng pandhapa | ambêdêdêng sasuwene | kaku apêgêl tyasira | anulya malbèng wisma | andhodhog kori wis masuk | nimbali mring garwanira ||

154. Sirèku apa wus guling | matur sawêg arsa nendra | layap-layap nulya kagèt | de-enggal têmên paduka | numpu roro sêlirnya | kang raka ngling wong kêjujur | yèn sira marahi beka ||

155. Mawi kula kados pundi | ngling ambêkuh hih kêtula | -tula padha buntu kabèh | tan ana kang kuwarasan | undangên kabèh padha | nulya tinimbalan sampun | sêlir têtiga gya mara ||

156. Jèngraga nudingi sarwi | wira-wiri nèng jêrambah | maksih nyêngkal dhodhogole | garwa matur pagujêngan | (ng)gêguyu mring kang raka | inggih paduka puniku | punapa mindhokkên têtak ||

157. Ngagêm cêngkal sêpêt aking | kang raka gumujêng suka | cêngkal iras nyêngkal bae | ginaguyu kêlikikan | mring garwa sêlirira | Jèngraga marang (ng)gèn lungguh | sarwi nyampinge liningkap ||

158. Byar ngalela anglênggirik | kêsorot padhange pandam | mêlêng-mêlêng amêncèrèt | lir bathok gêbêgan kawak | atêbêg titih antar | sumringah lir cinèt wungu | aluwung langkung samoa ||

159. Gèdhèg-gèdhèg para sêlir | kêpengin akêcêmutan | kang garwa nêntak guyune | ambakna duwe tênaga | ajodhèh tan sangkriban | kidhung liringe sang ayu | mrang pra sêlir kêlècêman ||

160. Jayèngraga ngandika ris | mring garwa pra sêlirira | ku ki anèh lan wong akèh | yèn wus angot ambêngkayang | tan bisa lêmês dhawak | kudu-kudu nganggo mêtu | yèn durung mêtu tan bisa ||

161. Sikêm angling bisik-bisik | samya gumuyu ampêdan | Jèngraga mèsêm tanya lon | kang sira gêguyu apa | umatur kang liningan | puniku pun Sikêm muwus | sanjangipun nini Kêdah ||

--- 6 : 121 ---

162. Pajar duk masih nèmnèki | bojonipun darbe karsa | ni Kêdah kêtanggêlan kèl | kang lanang kêdah amêksa | ni Kêdah darbe akal | darbèke kang lapanglanang. kinum | ing toya mungkrêt lir lintah ||

163. Garwa gumujêng ngalikik | layak mêngkrêta lir lintah | katisên kamikêkêle | sêlir Sikêm Ragil Giyah | pan sarêng guyunira | ting guligik Sikêm muwus | senggane dèn-konokêna ||

164. Kinum ing banyu kang atis | dimène mari (m)bêngkayang | Jayèngraga sru guyune | mara cobanên manawa | yèn kaya dongèngira | gya mundhut toya prapta wus | ing bokor nulya kinambang ||

165. GimuyuGumuyu. kang para sêlir | sarwi anyawuki toya | samya (ng)guyang dhêdhogole | nglêgarang lir kutuk ngambang | Rarasatyarsa lunga | kang raka ngling aja mundur | ngarah apa tan ana lyan ||

166. Wurung mingsêr Rarasati | anggêgujêng mring kang raka | aningali ing karsane | têtanya hèh priye Giyah | apa bisa ngalêmprak | umatur sarwi gumuyu | punika sangsaya kiyal ||

167. Dèn-silêp-silêpkên warih | malah molah kalobakan | lir dêlêg anèng ganggênge | botên lêmês malah mangkas | ngantos anyêp kulitnya | pan inggih sangsaya mulur | mèh jujul bokor punika ||

168. Sadaya akirig-kirig | nggêgilani yèn sinawang | gila kêpengin manahe | karêmênên dènnya (ng)guyang | sêlirira têtiga | toya srêp dados ngêtipun | kêsumukan ing warastra ||

169. Wau ta sadangunèki | ingkang lagya carêmêdan | Kadiman prapta banène | sigra ngêntasmêntas. Jayèngraga | jumênêng kètès toya | sadaya samya gumuyu | Jèngraga anulya mêdal ||

170. Panggih lan bagus Suratin | ngling (n)di si Sênu tan prapta | Kadiman umatur dèrèng | dhatêng sawêg katimbalan | ngandika lah enggala | kang kinèn sigra lumayu | gus Suratin tinimbalan ||

171. Anèng paningrat adhêmit | pasareyan kanthil rusban | têrtib gêdhong anèng ngèmpèr | wus anèng jro pagêdhongan | bisik-bisik [bi...]

--- 6 : 122 ---

[...sik-bisik] ngandika | Surat di-mrene wong bagus | sarwi kinèn anêkêma ||

172. Gus Suratin kinapithing | pipyalus ingarasan |Kurang satu suku kata: pipi alus ingarasan. pan linênggak-lênggakake | ginulingakên ing rusban | tansah pinriyêmbada | dadya rêp-arêpan mujung | lathinira cinêcêpan ||

173. Gus Surat sêndhêt tyasnèki | dhuh wong bagus mirah ingwang | paran sira jaluk anggèr | sesuk yèn mapag pangantyan | sore ing wayah Ngasar | pêrabot ing sadhêmênmu | sun kang paring mring ing sira ||

174. Sarwi ingungkurkên aris | wastra rinantan tinaman | ing warastra ling ature | ywa dangu-dangu kewala | kawula sawêg susah | Jèngraga aris awuwus | susah paran sira mirah ||

175. Sun kang nglêjarkên sirèki | ywa kongsi kusut cahyanta | owêl manisira radèn | sira matura pêsaja | kang dadi wot tyasira | gus Suratin aturipun | sakit padharan kawula ||

176. Mulês sadintên tan mari | pan botên kèndêl wawratan | mila ywa dangu kemawon | yèn kenging nyuwun apura | maklum dalêm kewala | manawi têmahan saru | kawula jrih ing paduka ||

177. Jèngraga osiking galih | iki wong katula-tula | prasasat mapag tanggale | karsane iya jêg nora | kapriye kiyè mana | nulya banène si Sêtu | kang nimbali Sênu prapta ||

178. Ngandika mring gus Suratin | turona wae ywa lunga | mijil lampahira alon | panggih lan Sênu wuwusnya | kêsuwèn têmên sira | sarwi nothok bathukipun | dèn age sira mreneya ||

179. Wus prapta ing rusban kanthil | ing karsa ragi kasêsa | cinêcêp lathi pipine | gênti ing pangarasira | jinèjèr lan gus Surat | Sênu pinungkurkên wau | mungkur kumurêp pasangnya ||

180. Lumah kurêp wus miranti | winingkis wastra wus silak | tumanduk sêg warastrane | dèn-ongkongkên angganira | mrih dhanganing pamapan | anglêmpèt wangkong jinunjung | mongkrong mrih tadhah pagutan ||

181. Anyênthing lir gêmak laki | wus anjathok ing cathokan | pinadal nêt pandêdêle | maksih kabunton rêkasa | solahe lir kèkèyan |

--- 6 : 123 ---

brêbêt mêkênêng nulyanglud | mak hêk andhêngkèng§ Prayoginipun / andengkèng /. sêsambat ||

182. Adhuh pêjah kula mangkin | alon kewala bêndara | kalangkung sangêt sakite | mrêkinting kadya pêcaha | sabêne tan kadyeka | Jèngraga ngling wong kêsusu | lara thithik ngarah apa ||

183. Ginêlak panrêggirèki | pantog pok Sênu anggronjal | lir dènogak§ Prayoginipun / dèn-ogèk /. warastrane | dhasar wus suwe (m)bêngkayang | amêlak siningsêtan | anggadêdêr dhasar kojur | kumêsar thêr akêjotan ||

184. Wus tungtas rasaning gati | warastra tan bisa obah | kasingsêtan ing pangadon | tinarik lukar tan kêna | maksih kêkah nèng papan | Jèngraga ngling lah wis Sêtu | aja kok kêncêngi lara ||

185. Tinarik mêksa ngêncêngi | ginuyu mring kalihira | sarwi matur (ng)gih kajênge | anjiyat sapindhah edhang | kawula malês mêksa | mila tan asuka mêtu | têgêse kenging awisan ||

186. Lir wong mampir (n)jaluk gambir | dene kalangkung sakêdhap | botên sêmantên sabêne | angling wong wis suwe mangkas | mulane gêgêlisan | ya sesuk wae sirèku | sun-jêthot§ Prayoginipun / sun-jênthot /. sadina pisan ||

187. Dangu prênèsan Jèngragi | miyarsa kêluruk ayam | sarta bêdhug têlu Suboh | pra santri kang samya adan | kidul lor kulon wetan | Jayèngraga tyas kêsusu | dènnya pèpèt wus luwaran ||

188. Sigra mring patirtan wong tri | jinabat nawètu huslah | minaljinabat ashare | parlan lilahi tangala | alahu akbar niyat | ngilangkên kadas kang agung | karana wênang asalat ||

189. Parlu pakoning Hyang Widi | dènnya siram gêgêlakan | kinalalar lare roro | wus suci dènnya jinabat | amundhut nyamping sigra | wus busana ngambil wulu | wong titiga ruruncungan ||

--- 6 : 124 ---

363. Pocung

1. Surat Sênu anèng tajug adan Subuh | swarane araras | lagon Bantênan gumrining | asalatu kèrun min arum§ Prayoginipun / anum /. ngêmandhang ||

2. Sawusipun adan gya sunat sadarum | pra santri kang salat | wong tuwa myang santri cilik | Jèngraga wus sunat anêthêkkên§ Prayoginipun / anêthêk kèn /. kamat ||

3. Gya kamat wus Jayèngraga ngangkat prêlu | usali parêlas§ Prayoginipun / perlu / [sudah tepat parêlas]. | Subêki rêkangatèni | ada-an ima-man lillahi tangala ||

4. Gya Allahu akbar kabiran alkamdu | -lilahi kasiran | wa subkanalah bukratin | wa asilan nulya amaca Patekah ||

5. Sampunipun Patekah ing suratipun | pan Inna anjalna | sawusing Patekah akir | apan surat Watini wêwacanira ||

6. Nulya rukuk iktidal andonga Kunut | asujud ro tahyat | sarta sumaminah§ Prayoginipun / tumaninah /. têrtib | nulya salam bakda gya puji-pujiyan ||

7. Swara barung rêmpêg nganyut-anyut arum | sabawaning desa | kang barungan kang sarênti | ingkang lagya dhikir myang wus sêlawatan ||

8. Wênèh kang wus ngaji turutan gumrumung | anulya gya adan | sabawane desarja-di | wor krêngkèting pipikul sami pêpasar ||

9. Wêktu Subuh wong sadesa tanginipun | samya nambut-karya | malah bangun kèh kang tangi | olah ratêngan wênèh mangkat pêpasar ||

10. Kang (ng)galêpung ting gêrandhung myang kang nglêmbur | pandhe gêndhing sayang | tan sêpên raina wêngi | amêwahi sênênging desa raharja ||

--- 6 : 125 ---

11. Têka sêmu yèn Subuh kwèh swaranipun | bangun bang-bang wetan | barung ingon-ingon muni | jaran kêbo sapi bèbèk miwah ayam ||

12. Mrak manguwuh nyangungung prêkutut manggung | myang putêr bênggala | sikatan munya cing-go-ling | anèng kaywan kolik munya aklikikan ||§ Prayoginipun / aklik-klikan /.

13. Pêksi tuhu nèng gurda anggantêr asru | cocak kêkroyokan | kuthilang imbal kudhasih§ Prayoginipun / kêdhasih /. | bèthèt jalak sauran menco kêpodhang ||

14. Swara umyung unine pêksi ambarung | swaraning pujiyan | kang pêksi lir angrakêti | kang amuji myang kadya tutuku jajan ||

15. Rare gumrah pangajine anèng tajug | gladhag kang angeja | alip jabar a jèrè i | a bêse§ Prayoginipun / pèse /. u ana kang ngaji turutan ||

16. Kul ya-ayu halkapirun la akbudu | -na ma tak buduna | wa la atum§ Prayoginipun / antum /. ngabiduni | ma akbud wa la ana ngabidun ma nga ||

17. -batum wa la antum abidun ma akbud | lakum dinukum wa | -liya dini apan nênggih | kap lam pès kul ya jabar ya lip jabar a ||

18. Ya pèse yu lapalira kul ya ayu | ehe lam jabar ha | kap jabar kape jère pi | re pèse ru nun jabar na lam jabar la ||

19. Lip ngin jabar be bêse§ Prayoginipun / pèse /. bru§ Prayoginipun / bu /. dal bêse du | ênun jabar êna | nulya ginêladhag ngaji | lapal halkapiruna la akbuduna ||

20. Min§ Prayoginipun / mim /. jabar ma tengin jabar ta be bêse§ Prayoginipun / pèse /. bru |§ Prayoginipun / bu /. [Lebih satu suku kata: Min jabar ma tan jabar ta be bêse bu.]. dal pès du nun jabar na |Lebih satu suku kata: dal pès du nun jèr na. ma takbuduna lan malih | angejah wau jabar wa lam jabar la ||

21. Alip ênun jabar a te min§ Prayoginipun / mim /. pès tum |Kurang satu suku kata: Alip ênun jabar a te min pèse tum. wa la antum nulya |

--- 6 : 126 ---

ngin jabar nga be jèrè bi | dal pèse du nun jabar na lip ngin jabar ||

22. Be pèse bu dal pèse du wa la antum | ngabiduna ma ak | -but wawu jabar wa nênggih | lam jabar a lip jabar a nun jabar na ||

23. Ngin jabar nga bê jèrè bi dal pèse du | lapal wa la ana | ngabidun kêlawan malih | min§ Prayoginipun / mim /. jabar ma ngin jabar nga be jabar ba ||

24. Te mim pès tum lapalira ma ngabatum | gya wau jabar wa | lam jabar la lawan alip | nun jabar anjabar na. te mim pèse tum anulya ||

25. Ngin jabar nga be jèrè bi dal pèse du | lawan nun jabar na | mim jabar ma alip a'in | jabar ak be pèse bu dal pèse du-nya ||

26. Wa la antum ngabiduna ma akabud§ Prayoginipun / ma'akbud /. | lam jabar la êkap | mim pèse kum dal jèrè di | nun pèse nu kap mim pèse kum anulya ||

27. Wau jabar wa lam jèrè li puniku | lawan ya jabar ya | dal jèrè di nun jèrè ni | la kum dinukum wa liyadini tamat ||

28. Yata wau Jayèngraga wusnya Subuh | nimbali (m)bannira | Kartiraga praptèng ngarsi | Jèngraga ngling hèh ya bapa Kartiraga ||

29. Rèrèhamu wong magêrsari sêdarum | myang wong padhukuhan | sarupane jalu èstri | pan kêrigên kabèh kon tumandang karya ||

30. Pasang tarub lan mragata mesa lêmbu | wêdhus bèbèk ayam | dadakan sadina iki | rah-arahên sor Ngasar pêngantyan prapta ||

31. Wusa rampungWus arampung. samêngko bapa dèncakup | Ki (m)ban Kartiraga | umatur mring Jayèngragi | inggih sampun kula artini§ Prayoginipun / artèni /. sêdaya ||

32. Tiyang dhusun taksih dèrèng wontên mantuk | lamun wontên karsa | ingkang dadakan kadyèki | sampun kantos dados timbalan abdinta ||

--- 6 : 127 ---

33. Bapa ya wus trapa karya mumpung esuk | aywa kêlayatan | ki (m)ban sandika turnèki | nulya mundur sing ngarsa sigra parentah ||

34. Tan adangu rèrèhanira kumêrut | wus prapta sêdaya | kantun anrapakên sami | cagak palang pring tarub blarak pinasang ||

35. Kusung-kusung kang masang tuwuhan têbu | rêjuna lan pisang | raja lawan cêngkir gadhing | Jèngraga ngling mring Madasra Amaddiman ||

36. Ya sirèku wong roro dene karyamu | sakèh pêpragatan | rampunga dening sirèki | kêbo sapi wêdhus miwah bèbèk ayam ||

37. Ingkang sinung wuwus sandika turipun | nulya malih nabda | mring Nuripin Jalalodin | kinèn karya kêmbar-mayang sakêmbaran ||

38. Lan sirèku Crêmasana lan kancamu | mêngko sore padha | yèn mapag pêngantèn prapti | panganggomu kabèh padha bagorana ||

39. Lah wis gupuh prentaha mring anak putu | kabèh padhalangan | kang liningan nêmbah amit | Jayèngraga ngandika mring para lurah ||

40. Hèh gus Dawud pêpêkên rèrèhanamu | mêngko bakda Ngasar | mapan sêlawatan dhikir | trêbang têlu bae kang padha arahab ||

41. Matur nuwun sandika ingkang tinuduh | sigra Jayèngraga | kondur mring dalêmirèki | ngandika mring garwa Rarasati sigra ||

42. Paran uwus nuduh batur kèn têtuku | apa kang tan ana | mupung pasar dhewe Paing | Nikèn Rarasati umatur sandika ||

43. Dèrèng nuduh kawula ngêntosi dhawuh | kang raka lingira | iya mupung esuk yayi | biyung Cerong bae konên mênyang pasar ||

44. Dhuwit wolung reyal kaya iku cukup | ngur para kuranga | mêngko gampang amuwuhi | wong wus sarwa ana mung ukur panganan ||

--- 6 : 128 ---

45. Lawan bumbu myang sajèn-sajèn puniku | yèki wruhanira | amantu midadarèni | wus bêgjane ipemu (m)bok Tambangraras ||

46. Karsanipun ramanta (n)Jêng Kyai nêngguh | sawising nèng sira | kakangira Sèh Mongragi | ing sadina sawêngi sorene paman ||

47. Gilir ulur para paman ngundhuh mantu | nulya mring Kauman | man Pangulu Basarodin | nuwun ngundhuh mantu mring sang pinangantyan ||

48. Alon matur sandika kang rayi gupuh | nuduh mring (m)bok inya | hèh biyung Cerong dènaglis | lah mênyanga pasar Paing tutukuwa ||

49. Gula bumbu pêpanganan sadayèku | apa kang tan ana | mangsa bodhoa sirèki | picis wolung reyal iki amboronga ||

50. Lah wis biyung umangkata mupung esuk | Ni Cerong gya mentar | mring pasar lan pêngantih tri | wus dinuga amborong warnining pasar ||

51. Tan adangu Ni Cerong dènnya têtuku | wus tan kaliwatan | myang kang mikul wus miranti | mulih ngirit ting karêngkèt buruh rolas ||

52. Praptèng ngayun wus tiniti tukonipun | Nikèn Rarasatya | ngandika marang kang bibi | lah inggih punika bibi Kulawirya ||

53. Kula sampun pasrah mring bibi sêdarum | kang dadiya kulmak | mandhegani nambut-kardi | rampungipun ing sêkul ulam panganan ||

54. Saliripun kalêthêk pawon puniku | kula wus pitaya | dhatêng pun bibi kêkalih | Nyai Kulawirya nauri sa-Allah ||

55. Nulya mundur ni Kulawirya nèm sêpuh | Jèngraga ngandika | marang padêkan§ Prayoginipun / padhekan /. pawèstri | malêbuwa undangên si Nini Daya ||

56. Kang ingutus tan antara nuli rawuh | sira Nyai Daya | Jayèngraga ngandika ris | lah Ni Daya andika rèh wayah-(n)dika ||

--- 6 : 129 ---

57. Rakitipun ing pêpajangan puniku | inggih kang prayoga | nini pasanging tilam mrik | Nyai Daya nauri inggih putu-mas ||

58. Pênêdipun ngèmpêr sakêdhik tilam rum | pasang rakitira | ing dalêm agêng ingirib | tilaming sang pinangantyan sarwa seta ||

59. Alon muwus Jèngraga inggih puniku | nini aprayoga | sawiji (ng)gyan sarwa putih | rekanipun mangsa borong Nini Daya ||

60. Malih muwus mring garwa yayi sirèku | lah uwus dènenggal | mupung esuk dènagêlis | tur sêndika kang rayi nulya mêmajang ||

61. Sigra mêtu mring jawi pêndhapa lungguh | ing lante dêmangan | nyamping lurik Bugis langking | apaningsêt jingga sèrèt ijo dhulang ||

62. Sarwi kalung srêbèt putih gênis alus | pa-asatan rema | rema kêbês mêntas gunting | adhêsthar kumbaya cathokan kusta bang ||

63. Waja jamus anglaring kombang agêmpung | kumbala kêtogan | lèmèt têpèn lir minangsi | aliyangan èpèk têmbalo gêbêgan ||

64. Sêliripun satunggal angampil dhuwung | anèng keringira | lan rare parawan sunthi | ngampil lopak-lopak lawan pakêcohan ||

65. Linting alus nipah sata dhèdhès arum | sira Jayèngraga | tinêrap pra magêrsari | miwar para lurah santri nambut-karya ||

66. Pan gumuruh swaraning pawon kumrusuk | rinayap ing kathah | sarèrèhane pribadi | desa Magêrsari santri padhalangan ||

67. Kang nèng ngayun Kulawirya lan pra sêpuh | Sêmbagi Jumêna | myang sudagar magêrsari | samya damêl sajèn sapit abing rêmpah ||

68. Ingkang mupuh ulam sawênèh amarut | ngoncèki bêrambang | bumbu sate age arih | Jayèngraga pinarak sarwi gambangan ||

69. Nadyan nuduh ing karya sakaliripun | sinambi anggambang | gêtêr galêbêg kur jawil | Kulawirya ngêndhangi cangkêm dhêng-dhungan ||

70. Ngandika rum Jèngraga sarwi gumuyu | Crêmasana sigra |

--- 6 : 130 ---

mundhuta rêbab lan suling | gêndèr kêndhang payo gagadhon lirihan ||

71. Kang tinuduh tan adangu prapta ngayun | Ganda Widiguna | Widilêksana tan kari | Tunjangkara sampun samêktèng sadaya ||

72. Lingira rum kêndhangmu aturna gupuh | mring man Kulawirya | nulya ingaturkên aglis | angling malih lah Crêmasana ngrêbaba ||

73. Gêndèr iku Gandasana kang anabuh | si Tunjang nyulinga | Widiguna kang nyuluki | wis sênggrèngên rêbabmu pathêt manyura ||

74. Yèn sêndhon wus tutug banjur Kuwung-kuwung | Crêmasana sigra | rêbab tinênthêngthininthing. nêmnèki | gêndèr suling gambang tinabuh nêmira ||

75. Wus pikantuk nyamlêng sênêng grèngèk arum | gya mamèt manyura | tutupan gêtêr amiwil | ngulêr kèkèt panuduhe ngêmbat kawat ||

76. Cumênthong puk angatonggèng masang antup | jariji pat ganggang§ Prayoginipun / nganggang /. | lir sikile lalêr kêsit | driji manis jênthik ting cêngkênuk rikat ||

77. Anglir sunguting kupu angingsêp madu | kosokane lamba | muput sègêgan lêstari | walikane rangkêp ngêcêk rikat rata ||

78. Pacakipun amanjing antêng tumungkul | dene Gandasana | anggêndèr grênêngan ririh | angathimil kumrining srênge nyalupak ||

79. Ngênuk-ênuk bêbêngkakane ulêm-puk | cengkoke clêmpungan | pancêr sandhungan mincati | angipinjal jêjêl nyêlani irama ||

80. Pacakipun lir Unêngan§ Prayoginipun / Onengan /. sêmunipun | Tunjangkara dènnya | anyuling bêning cumlêring | anyaririt tulupane atilêpan ||

81. Ngêlong tutup papelon aliyu-liyu | Jèngraga anggambang | nêrithil asta kumitir | tan sulaya kiwa têngêne arikat ||

--- 6 : 131 ---

82. Kumalunthung narêthêg gêtêr glêbêg thur | pacake wiraga | aladak ang-Gunungsari | Widiguna suluk ngêliking manyura ||

83. Nganyut-anyut loyop pantês suluk bangun | sakèh kang miyarsa | sadaya karênan dening | Jayèngraga dènnya sasêndhon araras ||

84. Sawusipun tutug liyu-liyunipun | pathêt Sarayuda | sabêman gong nulya wiwit | gêndhing Kuwung-kuwung munya rum araras ||

85. Kêndhangipun ajêg jêjêg lamba kukuh | ulêt wilêt samya | rêbut yatmakaning gêndhing | apan dangu dènnya ngês-ngês cengkokira ||

86. Gêndhingipun niba kêndhange angguguk | kipat akosèkan | bêm sêbah kêmpyang nêlampit | ambiyantu tan sulaya wilêtira ||

87. Wusnya dangu nêsêg tan antara suwuk | sigra Jayèngraga | ngasta rêbab pathêt ngêlik | ngik-ingiking tutup kosoke rangkêpan ||

88. Tutup bêsus kosok rangkêp rikat alus | eram kang amulat | sêmbada lan kang nyuluki | pan katongton Jèngraga kamuktènira ||

89. Ngandika rum mring rarèstri kinèn mundhut | sêrat Bratayuda | kawi kang kinèn gya prapti | Jayèngraga sèlèh rêbab mundhut sêrat ||

90. Pan anuju kang winiyak pupuhipun | kang sêkar Sardula | Wikidhriya§ Prayoginipun / Wikridhita /. dènwiwiti | swara manis arum mêmbat wuluh rêmak ||

91. Ngadan talu mangsah manêngah tinêngguh | pêjah ning sura ka | kalih§ Prayoginipun / -lih / mila saking tembung / kalih / ingkang-kapisah / ka / kalebet gatra ngajengipun. Pada 90-92 punika pethikan saking Brata Joeda Kawi pupuh 9 pada 1 (kapirsanana: Uitgave Leiden 1903 kaca 20-21). pisan lajêngnèki | yeka tandyangambah§ Prayoginipun / tandyangamah / [sudah betul: tandyangambah]. gunung saha bala ||

--- 6 : 132 ---

92. Ngambah têkèng sohini yeka sru§ Prayoginipun / swuh /. nêngguh | rata Nata Salya | pinanah lajêngirèki | mwang Wirayodha pêjah tanbismèng sira ||§ Prayoginipun / mwang wirayodha payah tanbismèh sira /.

93. Matya Karwa Krêtawarma lajêngipun | panmakarwanrata | mung sapada ngandika ris | Widiguna iki sira apalêna ||

94. (ng)Gonnên suluk ada-ada grêgêt-saut | iku dalil dhalang | layang Bratayuda kawi | nadyan padha kawi aja layang jarwa ||

95. Kurang mungguh tetela yèn dhalang dhusun | sanadyan dhusunna | yèn olèh yudanagari | dadi nyata sambada komuk ing dhalang ||

96. Dhalang iku pat prakara kudu gambuh | dhihin jêjanturan | kapindho gêndhing kêkawin | ping tri (m)banyol kaping pate sêsabêtan ||

97. Yèku kang wus pralêbda nyênyêt atutug | Widiguna turnya | mugi angsala pangidin | sawab bêrkah ing wuwulang (n)Jêng paduka ||

98. Inggih nuwun bêndara kawula sinung | wulang mrih pralêbda | Kulawirya ngêndika ris | iku priye lakune Sardula pira ||

99. Ingong durung pati omah kawi iku | namung uran-uran | daya kèha sapada thil | lamun maca nèng layang lumpuhlumuh. kewala ||

100. Naur wuwus Jèngraga inggih puniku | lampahe kang sêkar | Sardula wilangannèki | lampahipun sapada lingsa sangalas ||

101. Angkatipun nênêm ping ro nuli pitu | gunggung sapadanya | pitungdasa gangsal nênggih | ukaranya kang nêm ngangkat rong aksara ||

102. Ingkang pitu ukaranya mangkatngangkat. têlu | kêdah wiwicalan | angkating pada lingsèki | lamun gangsal dipunangkati satunggal ||

103. De yèn wolu pan sêkawan angkatipun | sênadyan kang sêkar | kidung macapat tan pahi | inggih sami yèn angkating wiwicalan ||

--- 6 : 133 ---

104. Manthuk-manthuk Kulawirya dèrèng surup | ah manira wêgah | nora têlatèn nitèni | payo padha klênèngan bae kapenak ||

105. Nanging iku ana kojahe kang muwus | yèn wong kalênèngan | nganggo kêndhang tan dèn-gongi | rada ora ilok ingaran kêmangga ||§ Prayoginipun / kemaga / =kuciwa. Mriksanana pada 108 ing ngandhap.

106. Bêcikipun nganggo gong ywa sêru-sêru | lirihan kewala | Jayèngraga mèsêm angling | apa nyata Widiguna mangonoa ||

107. Alon matur lêrês pangandikanipun | paman jêngandika | sami lan pituturnèki | jênatipun gêbal sampeyan pun bapa ||

108. Jênatipun kakang myang kang sêpuh-sêpuh | mastani kêmaga | mawi kêndhang tan dèn-gongi | tan amawi êgong sampun mawi kêndhang ||

109. Lingira rum yèn mangkono yèngsun mèlu | dhadhagane ala | lire kêmaga tan bêcik | lah ya mara (n)jumuka gong pêwayangan ||

110. Kang tinuduh mundhut gong kênong prapta wus | nuli Jayèngraga | angrêbab langkung rêspati | asêsêndhon sinulukan pathêt sanga ||

111. Wusnya nutug sêndhon lih-ulihanipun | apan lajêng buka | gêndhing sanga Gambirsawit | ingêgongan lêga tyase samya suka ||

112. Kabèh baut padha rasane nênabuh | rêrêming irama | adu wilêting malatsih | ukur jawil sajêjanturaning dhalang ||

113. Langkung runtut rasaning gêndhing pakantuk | dadya ngantak-antak | dangu dènnira anggêndhing | tan antara anêsêg gêndhinge munggah ||

114. Tan adangu saya gulêt wilêtipun | rêbut ngês kêsaman | nabuhe samya birai | rahab berak§ Prayoginipun / berag /. rasa-rasa yèn uwisa ||

115. Sêsêgipun ngandhêlong anulya suwuk | nulya sêsêndhonan | rêbab lajêng ngêcèk ngêlik | suluk suling gambang gêndèr abarungan ||

--- 6 : 134 ---

116. Nganyut arum nutuk§ Prayoginipun / nutug /. lih-ulihanipun | pathêt Sarayuda | sabêman gong Wissirèki | Kulawirya ambêkuh gumuyu latah ||

117. Sarwi muwus iya talah wong nênabuh | lamun kabênêran | dhasar gêndhing Gambirsawit | panabuhe kur (n)jawil padha karasa ||

118. Ngêtog kayun raosing gêndhing anganyut | anyênyêt tan liyan | cipta saliyaning gêndhing | Widiguna ambèthêr ngilêr lêr-lêran ||

119. Apikantuk mathênguk tan ana ngantuk | beda yèn sêmbahyang | Jumungah watuke (ng)gigil | nganti bakda isih cakra§ Prayoginipun / cokro /. ambranahan ||

120. Gêr ginuyu niyaga myang santri (ng)guyu | matur Widiguna | kirang priksa ingkang mawi | lamun salat ting klêkêr gondhang kawula ||

121. Kêdah watuk anggigil cêgukan hak-huk | gatêl irungkula | ting gêriming kêdah wahing | kadhang sarêng ngêntut watuk wahing samya ||

122. Sangsaya sru kang gumuyu sadayèku | Jèngraga asuka | gumujêng pan sarwi angling | (ng)gih lêrês paman pun cêblung Widiguna ||

123. Pancèn kupur tan pinulung salatipun | jaga pakan nraka | Widiguna matur aris | inggih mung sok larisa kewala nrima ||

124. Lon amuwus Jayèngraga nulya nuduh | mring parêkanira | kinèn mundhut layang Panji | kang liningan sigra mundhut praptèng ngarsa ||

125. Wusnya katur kang sêrat winiyak gupuh | wau kinêbètan | kang pangguh pupuhirèki | sêkar Mijil nuju Panji Wangsèngsêkar ||

126. Kalanipun andêmon mring taman mong kung | nulya pupuh ngarsa | sêkar Sinom dènkêrsani | maos cengkok Sinom pangrawit araras ||

--- 6 : 135 ---

127. Swara muluk gêtas rênyah manis arum | alêpas napas tyas | wiwiting pada puniki | ungêlipun ingkang kagagas ing driya ||

128. lajêng sarone§ Prayoginipun / sarune /. kagunganing ki Salu | datan ana§ Prayoginipun / -kat tan ana /. bisa | matut amung Jayèngsari | lajêng kang bisa matut gêndhinging gambang ||

129. Lajêngipun ngajêng ing salukatipun | nulya kadyèng kuna | mila karaosing galih | pan dènangên-angên ing latri mangkana ||

130. Lon gumuyu Kulawirya sarwi muwus | ya talah anakmas | wus palale sarwi bêcik | maca ngaji anggêndhing anunggang jaran ||

131. Sarwa luhung ngêpènginakên sadarum | kadèk pra bênthètan | gumriwis padha ngunggahi | prawan lanjar randha ronggèng kèh kedanan ||

132. Dhasar bagus asugih putraning guru | wasis ing kabisan | ana kêdanan yèn ngaji | kang kêdanan maca kêdanan yèn têgar ||

133. Èsmu (ng)guyu Jèngraga lingira arum | sampeyan punika | (n)dadak ngumpak-umpak ati | nauri satêmêne bae kithinga ||

134. Tutug sikut nora (ng)gunggung dhasar lugu | mara Widiguna | kabèh kowe kono sami | bokmanawa ngong dènaranni angompak ||

135. Samya matur nun inggih sayêktosipun | Crêmasana turnya | inggih pun Widiguna sring | anggêgobra ngakên dados palawangan ||

136. Ngipuk-ipuk sring angsal pawèwèhipun | nyagak padintênan | wat-awat kinèn nimbali | malêbèng jro kinèn lumampah piyambak ||

137. Prèstri masuk duka dalêm lajêngipun | gumujêng Jèngraga | sarya ngling wis kênèng baring | kadèkne wong sring prapta matur sunundang ||

--- 6 : 136 ---

138. Kewuhan sumaur sun durung sumurup | Jawane di Guna | kang nêkakake bagêjil | wis kandhuhan akale si Widiguna ||

139. Ki Widiguna grênêng-grênêng amuwus | marang Crêmasana | bisa ngalakkên wong bêcik | ya dandanan bot-bote wong kêtagihan ||

140. Yèn ta kudhung bêndara sapa sing (ng)gugu | Crêmasana ngucap | lah ya yèn nuju wong bêcik | yèn kêtanggor wong ala bilai sira ||

141. Lamun iku wong landhêp gathêk sêk ampuh | singa kêlakona | bêndara gêrah dènèstri | pêsthi mêngko irungmu ngong-opèli plas ||

142. Widi (n)jumbul hih nora jamak wong iku | têka panastènan | padune tan ngong-ujuri | muring-muring andadak olèh dhadhakan ||

143. Sadaya sru gumuyu kang sami ngrungu | myat ki Widiguna | ulate malorok wêdi | Jayèngraga Kulawirya latah-latah ||

144. Gar-gêr umyung kang kinarsan anèng ngayun | Jèngraga ris nabda | paman puniku supami | natap gangsa pelog siyange kewala ||

145. Kang paman gumujêng ngling amanthuk-manthuk | arêmbug manira | ngarah apa wong wis lungse | ya (ng)ko Asar bae suwuking gamêlan ||

146. Payo gupuh Widiguna sakancamu | ngusunga gamêlan | pelog si Alun-jaladri | pêparinge ki dipati Wanasaba ||§ Prayoginipun / Wirasaba /.

147. Jare iku brêkatan bêtuwahipun | ing eyange swarga | têdhak dalêm pra bupati | ing Bintara gangsa saking Giripura ||

148. Inggih tuhu nanging ingkang maksih lugu | bonang kênong gangsa | inggih pun Alun-jaladri | ricikipun pêpak anèng Wirasaba ||

149. Wartinipun kangmas dipati kadyèku | kala duk kang eyang | kang ngwasani riciknèki | ki dipati nimbali gêndhing Jêpara ||

--- 6 : 137 ---

150. Tunggilipun kang wontên kangmas puniku | slendro pun Samodra | bonang kêndhang gong satunggil | asring pêcah botên kenging rinakitan ||

151. Milanipun gong dhudha salaminipun | sarêng dènnya yasa | ricikan Alun-jaladri | anauri ya wus mawane bintuwah ||

152. Lah dèn-gupuh niyaga lèhmu angusung | dènririh kewala | ywa gumluwèh kumawani | kang liningan matur sandika gya mentar ||

153. Tan adangu kang sung gangsane prapta wus | tata nèng pandhapa | sarta sajèn myang dupa mrik | wus samêkta niyaga pêpak sadaya ||

154. Lingira rum sarwi mundhut kêndhangipun | lah mara lêkasa | gêndhing lima bonang dhingin | ya pangrawit kang liningan tur sandika ||

155. Kang paman wus mapan anabuh kêdêmung | Jayèngraga ngrêbab | Widiguna kang ngêndhangi | Crêmasana kang (m)bonang pênêrusira ||

156. Jam sêpuluh dènnira anatapalu§ Prayoginipun / mapan atalu /. | cumêngkling bonangnya | ricik barung nabuh sami | ing limane pan sumêntèg bême kêndhang ||

157. Pan jumêgur andule bisa gumuyu | wadone angombak | banyu sringe§ Prayoginipun / srenge /. lwih mawingit | ingkang myarsa kagyat tyasira naratab ||

158. Sinru arum angèbêki ing sadhusun | lir natab priyangga | pêngrasane jogannèki | prabawane Alun-jaladri yèn munya ||

159. Kang angrungu tan pangling suwaranipun | tan ana mêmada | unine Alun-jaladri | samya berag anggugah manah gambira ||

160. Ngantuk-antuk rarasira manis arum | Ki Bayi Panurta | kagyat atêtanya aris | jêg si Alun-jaladri kang muni ika ||

--- 6 : 138 ---

161. Garwa matur pan inggih ing swaranipun | botên wontên liyan | gangsa kadya Lun-jêladri | pan prênahe lêrês wismane Jèngraga ||

162. Sigra wau ki Bayi nimbali gupuh | mring Luci gya prapta | hèh Luci priksanên aglis | mring si Jayèngwèsthi dhisik takokêna ||

163. Dhine iku têka wani-wani nabuh | apa wis kalilan | mring kangmase Amongragi | lamun ora sêbabe wani anatab ||

164. Kang tinuduh santri Luci sigra mêtu | praptèng wismanira | Jayèngwèsthi santri Luci | matur kawula ingutus (n)jêng ramanta ||

165. Kinèn matur mring paduka milanipun | rinta Jayèngraga | natab pelog Lun-jaladri | punapa wus kinalilan ing rakanta ||

166. Yèn ta lamun dèrèng wontên karsanipun | rama jêngandika | wontên dukane sakêdhik | (n)jêng paduka kinèn mariksa rayinta ||

167. Ngandika rum hèh Luci ngong tan sumurup | pandugèngsun nora | dènlilani Sèh Mongragi | pêsthi karêpe dhewe nabuh gamêlan ||

168. Ya sirèku banjura bae sunutus | pan mundhak prayoga | sunkongkon sarta (n)Jêng Kyai | pêngarêpe yèn sun kang kongkon ing sira ||

169. Lah wis gupuh Luci mentara saking yun | praptèng Kajèngragan | anuju suwuk kang gêndhing | Luci prapta ingawe mring Jayèngraga ||

170. Na gawemu dene agupuh lakumu | santri Luci turnya | kawula ingutus dening | rakanta lan sarta rama jêngandika ||

171. Kinèn (n)dangu ing paduka marmanipun | anatab gamêlan | punapa wus dènlilani | mring raka jêngandika Sèh Amongraga ||

172. Lingira rum sarèhning sira dènutus | iya Ci matura | mring kakangmas myang (n)Jêng Kyai | yèn sun nuwun pangapuntên sêkaliyan ||

--- 6 : 139 ---

173. Myang maring Sèh Amongraga nuwun maklum | mung siyang kewala | mêngko yèn wus Ngasar mari | ngarah apa Ci wong sunat dhêdhèwèkan ||

174. Nambung wuwus Kulawirya Ci ngong tutur | lamun rada duka | mangsa bodhoa sirèki | Jèngraga ngling kados botên yèn duka-a ||

175. Ya mung iku aturku ya wis dèn-gupuh | Luci sigra mentar | sawingkingira ki Luci | Jayèngraga ngandika marang niyaga ||

176. Payo talu unèkna gêndhing Kalênthung | dan lêkas saksana | Alun-jêladri ngêrangin | myarsa gangsa wong sadesa lir kinêrab ||

177. Ciptanipun sadaya sami jêgipun | martamu anyumbang | jalwèstri kadi duk wingi | kaot mung wong kang kuwat-kuwat kewala ||

178. Èstri jalu samya busana amubru | prapta samya nyumbang | rarywa lit rinukmi-rukmi | ting saliri anggili kang lunga têka ||

179. Tangkêbipun wong nyumbang lir winginipun | priya mring Jèngraga | èstri mring Kèn Larasati | kang anyumbang nyareyal kang angrong reyal ||

180. Kêdhikipun nyêjampêl pan ora uwus | matur gantya-gantya | punika kula ngaturi | patumbasing apu namung sumapala ||

181. Ngandika rum inggih sangêt tarimèngsun | (m)bok ywa susah-susah | tan nêdya ngulêm-ulêmi | namung anglujêngi pangantèn praptanya ||

182. Samya matur kang liningan sadayèku | angangkah punapa | paduka agadhah kardi | bêrkahipun (n)Jêng Kyai Bayi Panurta ||

183. Gya sinuguh kang nyumbang sêdayanipun | myang ancak brêkatan | mangkana sadayanèki | ingkang anèng pandhapa para lanangan ||

184. Kang martamu samuwa pênganggenipun | matur mring Jèngraga | punika kula nyaosi | panumbasing apu sapala katura ||

185. Sumbangipun sareyal ngrong reyal nêlung | reyal Sênu Surat |

--- 6 : 140 ---

ingkang kinèn anampèni | ngandika rum ya bangêt tarimaningwang ||

186. Sadaya wus samya ingingonan sêkul | myang brêkatanira | Nuripin kang nglêladèni | pan mangkana kang anyumbang lunga prapta ||

187. Ênèm sêpuh lumrah samya bêsus-bêsus | miwah pra wadonan | lakune mêsês birai | ingkang tepos dadi nyênthing bokongira ||

188. Ingkang wungkul dadya (n)dêngkèng lampahipun | sadaya wiraga | kèh dol ayu adol sigid | Kulawirya mèsêm ningali wong kathah ||

189. Alon muwus lah ta wong urip puniku | yèn ana samuwan | angrungu gamêlan muni | sasolahe mulih tênaganing Buda ||

190. Alon matur alêrês paduka muwus | pan sadasa-dasa | titiyang Jawi dospundi | yèn gamêlan punika bintuwah Buda ||

191. Yèn pun Alun-jaladri wus mawenipun | mêkatên tanjêgnya | kang myarsa sami birai | nadyan nini-nini kaki-kaki berag ||

192. Milanipun kathah ngalap sawahipunsawabipun. | mring gangsa punika | sakêdahipun (m)brêkati | sanès lawan pun Samodra tanjêgira ||

193. Adatipun yèn sinambut tiyang mantu | kêdhik ingkang nyumbang | pêngantèn sring pêgat mati | mila awis tiyang kang purun anyêlang ||

194. Lon amuwus eman awon tanjêgipun | unine tan lumrah | rarase gêdhe rum manis | têka duwe meda mangkono geneya ||

195. Inggih sampun ila-ila waunipun | gèdhèg Kulawirya | Jèngraga ngandika aris | Widiguna Crêmasana kabèh sira ||

196. Ya sirèku kancamu bagor sêdarum | mêngko wayah Ngasar | padha rapèka dènbêcik | borèh kuning nganggo cênthung têtêkêsan ||

--- 6 : 141 ---

364. Sinom

1. Mangkana Ki Jayèngraga | dènnira amangku kardi | katongton wibawanira | tan ana ingkang yom-yomi | sor sutaning bupati | dhasar ki putra ingugung | datan sinungan rêngat | sakarsane dènlilani | mring kang rama kalangkung sangêt sihira ||

2. Yèn putra Ki Jayèngraga | yèn kadang Kulawiryèki | pan ingugung alit mila | mila ladake ngèbêki | mung ladak tingkahnèki | labête ugunganipun | nanging putus piyambak | dhasar landhêp tyasirèki | ngèlmu bantas§ Prayoginipun / buntas / = têlas. ing kukum yudanagara ||

3. Andêle ing Wanamarta | pan amung awirya kalih | Jayèngraga Kulawirya | keringan ing kanan kering | patarèn angrampungi | pakèwêde ada dhusun | nadyan murading kitab | gathak-gathuk amêdhoti | watak kêras krawusan nanging wêlasan ||

4. Yèn kalêrêsan tyasira | kêcondhong lêga kang galih | paring sih tan sita-sita | mila sadaya jrih asih | maring sang Jayèngragi | miwah mring Kulawiryèku | mangkana wayahira | waktu Luhur pêcak kalih | samya kèndêl rèrèn marang masjid salat ||

5. Sadaya samya sêmbahyang | jalu èstri tan na kèri | namung niyaga kewala | ingkang kantun nèng pandhapi | wus antara kang sami | asalat Luhur bakda wus | wangsul sewang-sewangan | punapa garaping kardi | kang mring pawon mring kêbon kang mring pêndhapa ||

6. Jèngraga lan ingkang paman | Kulawirya lingira ris | kowe mau Widiguna | apa salat maring mêsjid | matur kasupèn yêkti | ki Crêmasana anjagur | dhasar wong kênèng lara | laline wiwit dhèk cilik | dinangu mring bêndara (n)dadak sêmbrana ||

7. Jèngraga mèsêm ngandika | ya Widiguna sirèki | Jumungahamu kewala | aja pot lyan sukêr sakit | kang kêrêng lèhmu mrêdi | kabèh wong rèrèhanamu | matur inggih sandika | Crêmasana anudingi | o nglêburi babon dimène§ Prayoginipun / dhemene /. andhêndha ||

--- 6 : 142 ---

8. Ngandika mara unèkna | lirihan wae kang gêndhing | lima rêbab Kombangmara | KêmbangmaraKombangmara (dan di tempat lain). daradasih | muntap lawan pêngrawit | limang gêndhingan bae wus | kang sinung ling sandika | Crêmasana angrêbabi | asêsêndhonan pathêt lima rum araras ||Lebih satu suku kata: sêsêndhonan pathet lima rum araras.

9. Nulya mungêl Kêmbangmara | Alun-jaladri ngrêrangin | sakathahe kang miyarsa | jalwèstri tyase mong brangti | rêmpêg panabuhnèki | ukur jawil ngênut-ênutnganyut-anyut. | ungêle kang anglola | rêbab gambang lawan suling | sarancak ungêle kamot jroning kawat ||

10. Nganyut-anyut langkung raras | kasmaran ingkang miyarsi | lir mamrêsing karasikan | êngêse ngêkêsi ati | wèh wilêting malatsih | lir winulang ing wulangun | raosing tyas mangkana | saking nyênyêting kang gêndhing | nguyu-uyu ngrêrantêg dènnya gamêlan ||

11. Mangkana ing wanci Ngasar | Jayèngraga ngandika ris | suwukên gamêlanira | muni ladrangan nuli wis | singgahna kang miranti | Ladrang pêlayon den gupuh | nulya buka Ladrangan | pêlayon lima angrangin | dangu nêsêg ngandhêlong alon suwuknya ||

12. Wusnya kèndêl kang gamêlan | Kulawirya ngandika ris | lah wis padha singgahêna | panganan brêkatên mulih | para niyaga nuli | langusungangusung. gamêlanipun | mring dalêm pasimpênan | wus têlas samya nèng ngarsi | ngandika rum wis padha muliha dandan ||

13. Kang liningan tur sandika | nêmbah mundur samya mulih | Jèngraga malih ngandika | kabèh sanak-sanakmami | padha dandana mulih | nganggoa kang sarwa luhung | saduwèk-duwèkira | kurmat pangantèn kang prapti | kang liningan matur sandika sadaya ||

14. Mangkana bubar sadaya | sudagar myang magêrsari | miwah santri ingundhangan | badhe sêlawatan dhikir | Kulawirya wus mulih | Jayèngraga maring tajug | asalat waktu Ngasar | lan para santri kang bumi | wusnya bakda kundur malêbèng ing wisma ||

--- 6 : 143 ---

15. Ningali langêning tilam | kalangkung dening rêspati | anilat ing jro rakitnya | ing têngah jinêm seta di | ingapit kanan kering | kang pinajangan kumêndhung | -kêndhung sri sinampiran | wastra sawarnining kêling | pan sarwendah sarta ganda rum angambar ||

16. Yata wau Jayèngraga | busana akampuh kêling | pêlung panji kalunglungan | talêpok banyu mas kuning | ing nganti langkung apik | kêpuh tundha ngayu-apu | amungsêr mêdhok atap | amulu pêksi sulisik | pangasihe sêsandhungan sêmbulihan ||

17. Sipat polok anêrampad | seronge cancutan inggil | kodhok kabêsèt asikat | sacêngkang kesis ing wêntis | mêkar ngongkong amiwir | walêran pawingkingipun | talibane ing ngarsa | amèpèt urut malilit | pirit têpung adu mancung pêpancutan ||

18. Kêkawêt ambokong sêmar | amathis nora ngalêngkin | bubuntaring pasingsêtan | anglaring walang wêlori | êkare miwir asri | rinèpèk rinda-mas murub | kunca landhung tri asta | anjèrèng winiru lêmit | ambêdhodhog anglir sandhanging manyura ||

19. Lancingan cindhe puspita | gubêg pinarada asri | rinenda kalengkam jênar | akris landheyan sinêmi | pêndhok bunton pinodhi | mirah sinêling intên byur | ajamang sungsun tiga | agêlang kana rinukmi | kêlatbau anting-anting têbah jaja ||

20. Badhong sungsun kêbo mênggah | pamêkak garudha kanin | lur-ulur naga karangrang | asumping ron tri rinukmi | karang-mêlok hèr thathit | sisir tumanggal intên byur | cundhuk kupon apitan | tinêngah argulo putih | ngudhar rema ingore pinara tiga ||

21. Kumbala têpèn kêtogan | anggamêng anglir minangsi | wida jênar gêgêbêgan | tuhu bagus Jayèngragi | lir ringgit munggeng kêlir | ingkang garwa èsmu (ng)guyu | sasmita mring kang raka | Jayèngraga amaguti | ing liringe ing rayi mèsêm ngandika ||

22. Sapuluh ta mangkonowa | jêr nora kêna pinikir | Nikèn Rarasati mojar | gumujêng anjiwit ririh | pan kurang tigang ratri | nudingi [nu...]

--- 6 : 144 ---

[...dingi] pra sêliripun | mèncêp megos Jèngraga | ambakna wong atêtawi | kêthèk oglèng sêranggon ajak-ajakan ||

23. Ginaguyu guligikan | mring garwa myang para sêlir | Sênu Surat pinaringan | busana kang sarwa rukmi | asinjang cindhe abrit | pinrada mompyor amurub | kinêmbar kalihira | ajamang rukmi sêsumping | nyangga grudha mungkur ngrêm lir pêtarangan ||

24. Acundhuk mêntul mutyara | wor godhining§ Prayoginipun / podhining / = inten las-lasan. garudha sri | akêkalung gêlang kana | kêlatbau anting-anting | pamêkak bangkol rukmi | tinarètès ing hèrlaut | wida pandhan gêbêgan | tasik sumilak arêsik | kris cêrapang pinatik mirah hèrkêmbang ||

25. Pan mangkana ing mandhapa | salong-salong kang wus prapti | para lurah santri kathah | prapta busana lir nguni | Kulawirya kang prapti | kampuh jingga tabur-tabur | pakonyoh mêmêntahan | alancingan cindhe wilis | pinarada renda satêbah gubêgan ||

26. Kris warangka kakêndhit ladrang |Lebih satu suku kata: Kris warangka kêndhit ladrang. landheyan cula sinêmi | pêndhok bunton ngunir-kawak | èpèk renda klengkam putih | agêlang kana rukmi | anting-anting kêlatbau | abadhong agêng dhudhan | sumping puspa krênakrêsna. rukmi | cundhuk jungkat tinarètès intên mirah ||

27. Ngudhal rema pupuntiran | tibèng sor walikat gilig | pan akuluk kanigara | baludru cêmêng binlênggi | rukmi pinodhi-podhi | ing mirah intên hèrlaut | ngalêpyur amarkata | nyuriga giyong sor bali | ginarèbêg rèrèhane wong Kêtandhan ||

28. Sami basahan sêdaya | dodote mawarni-warni | bathik modang sêmukiran | miwah sêmbagi bang kuning | kopyah kanigara brit | kuning ijo biru wungu | arenda seta jênar | miwah cêlana mawarni | samya nganggo badhong kewala sadasa ||

29. Golong sarèrèhanira | Kêtandhan tan ana mêncil | angumpul mring Kulawirya | nèng pêndhapa jèjèr linggih | anulya ingkang [ing...]

--- 6 : 145 ---

[...kang] prapti | Ki Suharjo kampuhipun | pan limar baru tigas | asabuk pathola abrit | alancingan cindhe wungu pinarada ||

30. Ngumbar konca§ Prayoginipun / kunca /. nora panjang | akris landheyan sinêmi | rasukan baludru rêkta | balênggèn kancing linêscis§ Prayoginipun / linincis /. | kotang putih tulya sri | rema asingsêt ginêlung | kuluk pêthak amayang | ingiring rèrèhanèki | sawarnine wong kriya lir lurahira ||

31. Samya rasukan sikêpan | basahan akopyah putih | panganggone warna-warna | bathik atanapi kêling | wus lênggah ing pêndhapi | jinèjèr rèrèhanipun | nulya Ki Wiradhustha | prajuritan nyamping bathik | parang rusak barong cinancut sarigak ||

32. Lancingan bludru bang renda | panji-panji kancing dhasi | abangkol kêncana nagan | nganggar curigan cra Bali | kris landheyan sinêmi | kandêlan suwasa mancur | wrangka sêmbur timaha | asongkok baludru langking | pan winêngku ing renda mas rurujitan ||

33. Ingiring rèrèhanira | para warungan kêlithik | sakèhing kang bukak anyar | kang munggeng rèrèhanèki | marang Wiradhusthèki | sadaya panganggenipun | samya aprajuritan | saduwèk-duwèke sami | bathik lurik sêmbagi kêling mawarna ||

34. Sadaya kopyah jangkangan | wus lênggah anèng pêndhapi | tinata rèrèhanira | nulya Panukma kang prapti | aprajuritan Bugis | arasukan toro landhung | ginggang sêtin lurik bang | cêlana lurik sêtin jring | sabêbênting cindhe wilis pinarêman ||

35. Pan èpèk bangkol kêncana | nganggar pêdhang suduk rukmi | dhuwung cinothe ing ngarsa | bate-bate cara Bugis | akancing mirah abrit | udhêng tabur-tabur wungu | têlangkupan pencongan | sadaya rèrèhanèki | kang wong jagal pan anggêr bêlantik kewan ||

36. Sawarnining ngon-ingonan | turangga myang kêbo sapi | wêdhus bèbèk banyak ayam | ingkang samya binêlantik | kabèh rèrèhanèki | sadaya pênganggenipun | cara Bugis sêdaya | tan

--- 6 : 146 ---

ana ingkang mênèhi | pênganggone undha usuk ingkang kuwat ||

37. Sêmbagi lurik cêlêpan | wus lênggah anèng pêndhapi | nulya Panamar kang prapta | sarèrèhanira ngiring | kampuh limar kêtangi | acêlana cindhe kupu | èpèke renda pêthak | ngumbar konca§ Prayoginipun / kunca /. kadhung siti | akris ladrang sinêmi pêndhok suwasa ||

38. Rasukan sêmbagi jênar | corèke kêmbang pinêthik | jubah landhung kotang pêthak | kancing kotang mirah abrit | srêban seta tulya sri | rinenda tap-tapan bagus | kuluk mantalsêtop bang | têsbèhnya akik sinampir | para tandha§ Prayoginipun / tandho / = simpênan, cadhangan. kang ngiring rèrèhanira ||

39. Samya srêban bêbasahan | mawarna bathik sêmbagi | sutra kêling sasênêngnya | wus lênggah anèng pêndhapi | tinub rèrèhanèki | nulya ingkang sami rawuh | para jadhug sudagar | sarênti praptane (ng)gili | jor-jinoran panganggone murub mumpyar ||

40. Ing sacara-caranira | kêdah ngangah angungkuli | bêbêd myang kulambinira | sabuk lan ikêtirèki | pan ungkul ingungkuli | kêris kang curiga têlu | êmase tuwa-tuwa | wong tuwa nom limrah sami | ting prêngangah pêndhoke mas munggah ganja ||

41. Ngalêmpak sami sudagar | Pak Rajiyah ingkang prapti | angêtog pênganggenira | dènnira ngangge mênèhi | sobanlah nyampingnèki | sabuk mas tinali datu | klambi jubah rante mas | ngunir bosok masirèki | arangkêpan kotang sikêpan mur pêthak ||

42. Akancing êrus barleyan | asrêban pêthak ginodhi | pinalipit ing rante mas | anyothe golok rinukmi | tinarètès hèrgêni | barleyan pinasang batu | cêripu balongsong mas | cingak kang samya ningali | kang alungguh angingsêri pak Rajiyah ||

--- 6 : 147 ---

43. Kang ragi têbah (ng)gènnira | Ki Murtala abibisik | lan rowang kiwa têngênnya | eram samya (ng)gêguyoni | nora jamak kiyai | angêtog pênganggenipun | beda wingining ika | saiki lagi nêmêni | nora kaprah pênganggone wong sadesa ||

44. Anulya wau kang prapta | para bagor sadayèki | Crêmasana Widiguna | samya rapèk kunca kalih | polèng sutra sêmbagi | limar pêlangi myang pêlung | lancingan panja-panja | gêlang kêlatbau anting | anting sumping jamang samya têtêkêsan ||

45. SabêbadhongAbêbadhong. sungsun tiga | kris pêndhok landheyan rukmi | kang miskin jamang sumpingnya | walulang pinrada apik | anulya ingkang prapti | panêgar busananipun | bêbadan bêborèhan | sumping krang mêlok mêlathi | ikêt rendan jêplakan samya giligan ||

46. Panganggene warna-warna | bathik lurik miwah kêling | kathah kang nganggo cêrapang | punika rèrèhanèki | panêgar dhalang gêndhing | niyaga kumpulanipun | tunggil rèrèhanira | karèh maring Jayèngragi | pan wus pêpak sadaya anèng pêndhapa ||

47. Anuju wontên kang prapta | satunggil santri Nuripin | kampuh pêlung podhang-podhang | anyuriga cêrapang tri | kalung kalawan§ Prayoginipun / kalewang /. kêrbin | drêbos anyangkêlit pistul | pêdhang suduk inganggar | pêdhang kra loke ngajrihi | mawi wêdhung gandhewa anggendhong panah ||

48. Arit bapang sinêngkêlang | golok pangot sinangkêlit | tamèng towok landheyannya | warêgu winênggik§ Prayoginipun / winêgig /. abrit | kêthu koncèrirèki | ngêlèwèr lir umbul-umbul | panjang kasrahing lêmah | pupur kuning borèh kuning | brêngos wulu lutung panjange satêbah ||

49. Wus prapta anèng paningrat | kagyat kang samya ningali | Nuripin pênganggonira | Kulawirya animbali | mareneya Nuripin | sadhela sun arsa wêruh | Nuripin sigra mara | krengkangan tan bisa dhiri | pan kakèhan pêrabot abot kaliwat ||

--- 6 : 148 ---

50. Ngadêg-adêg§ Prayoginipun / Ngadêg-ngadêg /. nora bisa | kangèlan solahirèki | ginaguyu ing wong kathah | jalwèstri suka ningali | Kulawirya angling nuding |Lebih satu suku kata: Kulawirya ngling nuding. sarwi kêpingkêl gumuyu | wong ro glis tulungana | mèn bisa ngadêg Nuripin | tinulungan wong roro (n)jagani sama ||

51. Gya prapta ing ngarsanira | Kulawirya gumujêng ngling | dene ambarêngkut sira | kaya canthèlan sirèki | dene sarwa mêpêki | kaya wong dodolan dudu | jêg kaya wong nyênyêlang | jêg kaya wong dèn-titipi | matur raosipun lir dipun-pilara ||

52. Karsane putra paduka | ajêng mopo kawula jrih | (ng)gih pintên-pintên kinarsan | pinaring sih kawula lit | Kulawirya nganthuki | kapriye manèh sirèku | lan aku titip pêdhang | Jêpan gawanên Nuripin | Ki Nuripin anêbut astapirulah ||

53. Dospundi dènnya ambêkta | kawratên tan sagêd osik | Kulawirya latah-latah | sangkêlitên wae bêcik | matur sampun tan kênging | langkung kêncêng lambungipun | ah ora sêdhêng pisan | mêngko ngong-bênakke ugi | sinêngkêlangakên Nuripin braokan ||

54. Akêncêng sêrêt pinêksa | Nuripin ajêlih-jêlih | kasingsêtan wêtêngira | nyongat pêdhang sinêngkêlit | cègèh mlêthêt (m)bathithit | ambêgane kêmpas-kêmpus | Kulawirya lingira | sisan cèrètku Nuripin | gawakêna ngling Nuripin alah tobat ||

55. Gêr ginuyu ing wong kathah | (ng)guyu wêlas mring Nuripin | ngling malih wis maronoa | nèng paningrat (ng)gonmu malih | matur tan sagêt inggih | ingriki kemawon sampun | sampun tan sagêd obah | yèn obah lir dèn-gendholi | samya suka sakèh kang anèng pandhapa ||

56. Miwah parèstri kang prapta | tuwa nom myang rare cilik | sarwendah busananira | samya mrih amêncil bêcik | jor-jinor sor duk wingi | mangka mubru abra murub | jalu èstri sadaya | pêpak tan ana kang kari | ingkang samya badhe amapag pêngantyan ||

--- 6 : 149 ---

57. Anulya Ki Jayèngraga | mijil sing dalêmirèki | ingiring Sênu gus Surat | ngampil pawohan sês wangi | lir hyang-hyang mungging tulis | ingapit pêpatahipun | obah kang nèng pêndhapa | mingsêt trêpsila alinggih | Jayèngraga lênggah têngahing jèjèran ||

58. Wus tata dènnira lênggah | Jèngraga umatur aris | mring kang paman sadayannya | punapa sampun kang prapti | kang pra paman nauri | layake bae iya wus | dene tan manèh prapta | kang putra nauri inggih | nulya angandika marang Sênu Surat ||

59. Wadonan konên umangkat | sadaya ywa ana kèri | kang liningan sigra mentar | malbèng dalêm andhawuhi | mring Nikèn Rarasati | parèstri kinèn rumuhun | anulya ingancaran | sadaya umatur inggih | nulya bodhol gumrudug ing lampahira ||

60. Sawuse para wadonan | Jayèngraga ngancarani | sumangga paman umangkat | nulya bodhol sadayèki | sagolonganirèki | tan ana salyèng laku |Kurang satu suku kata: tan ana sulayèng laku. sakèhe kang lumampah | tan ana kusud sawiji | lir sinuntak donyane wong Wanamarta ||

61. Parèstri kang anèng ngarsa | prapta dalême Jèngwèsthi | kang wingking lagya umangkat | srining busana sarwa di | sanak kang aningali | sadhusun myang prapatipun | jalwèstri abusêkan | nèng pêlatar mangu pipit | langkung suka ningali para busana ||

62. Kasorotan ing suryandhap | ting pancorong ngujwalani | miwah mompyoring panganggya | lir sêkar sêtaman asri | mangkana Jayèngwèsthi | lênggah ing pêndhapanipun | lakampuhakampuh. latar pêthak | sawat lar sêmèn taritis | rasukan bêludru ijêm kotang pêthak ||

63. Akancing jaja tajugan | calana baludru langking | rinenda mas rurujitan | paningsêt kêlengkam kuning | dhuwung tinatur rênggi | akuluk pêthak sumunu | kang wus nèng ngarsanira | Ki Jumêna lan Sêmbagi | Ki Pangulu Basarodin sakêtibnya ||

64. Ki Nursukidin kalawan | Talabodin murid Jaki | lan mêrabot Pranahita | pra sudagar magêrsari | lan para lurah santri | golong [go...]

--- 6 : 150 ---

[...long] sarèrèhanipun | samya mrabot sêdaya | wau ta kang para èstri | ingkang samya amapag prapta sêdaya ||

65. Anulya kang rayi prapta | sarèrèhanira sami | kang raka mèsêm ngandika | dimrene yayi alinggih | sadarum ingkang prapti | ingancaranan alungguh | tata têpung akapang | sagêgolonganirèki | wusnya tata sinugata ing pawohan ||

66. Amadasra Amaddiman | katêlu si santri Luci | angatag sinomanira | mring pawon ngusung kêndhuri | sêkul nèng panjang giri | sarta lan rampadanipun | miwah ancak saratan§ Prayoginipun / saradan /. | langkung wrat gotong-pat sami | lawan kêndhi myang karoso tapakdara ||

67. Pan pae sajroning wisma | warata dènnya ngladèni | ambêng pan samya rinampad | wus cinarakakên sami | nulya sami wêwanting | ingkang tuturuh wiwisuh | wênèh angumbah tangan | kang ngloroni amapati | kang moloni ngrolasi sa-ambêngira ||

68. Nyêlawèni saambêngnya | kumpul samya santri alit | adan lêkas samya nadhah | rame swarane kang bukti | samya pikantuknèki | antaranira wus dangu | nutug dènnya anadhah | wus lorod ambêng cinarik | pan binage warata dènnyandum brêkat ||

69. Sinarangan tapak-dara | santri Luci anênggani | mring santri alit sadaya | ywa na rusuh Luci angling | bocah dêlêngên iki | sarwi ngagagi gêgêbug | sapa marahi gêdrah | rusuh pêsthi sun-gêbugi | iku ana sing rada gêdhe si Saja ||

70. Si Jênal Conal si Sawa | nadyan tindhihe rarywalit | lo aja na rurusuhan | mêsthi makan pukul iki | adat rusuh si Joprit | lah wis dumên barêkatmu | sing gêdhe ku anduma | sarta dèn-ungkuli gitik | santri tuwa mèsêm myat Luci tingkahnya ||

71. Santri cilik andum brêkat | bocah papat kang nuwani | andum brêkat padha bocah | kiwa têngêne wak uwik | amèk iwak pribadi | ana kang ngling aku durung | rare ora saranta | iri mèt iwak pribadi | ting sarewot tan asuwe rêrêbutan ||

--- 6 : 151 ---

72. Sêrakah cêngkah-cinêngkah | kacawuk cangkême jêmpling | pisuh-pinisuh tabokan | pyukan sêga srundèng ragi | ki Luci jêlah-jêlih | gêbuge pijêr anggantung | apa ta jêrku apa | wis adat têmên yèn juris | hus hus (ng)ko dakrangkèt kongsi modar-modar ||

73. Tan dèn-prêduli ing kathah | agêdrah pating jalêrit | akapyukan sêkul ulam | gêlaprut Ki santri Luci | lunga sarwi misuhi | kênèng tulah edan taun | ginuyu santri kathah | jèhhèh. salah gawe si Luci | dhèwèke ya anglakoni dadi bocah ||

74. Ing pêndhapa wis luwaran | ing wisma kang lagya bukti | Mongraga lan ingkang garwa | Turida lan Rarasati | kêmbul sarêng abukti | myang pra wadonan sêdarum | samya anadhah eca | Mongraga tanpatuk§ Prayoginipun / tanpantuk /. bukti | yèn cêlakan lan èstri tan pati rêna ||

75. Wus nutug dènnira nadhah | sadaya luwaran bukti | cinarikan andum brêkat | binage sampun waradin | brêkat sinung pêmburi | wus rêrêp sêdayanipun | wau Ni Rarasatya | umatur ing raka aris | kang punika bokayu lampah kawula ||

76. Anuwun sang pinangantyan | pangundhuh kawula mugi | ing karsa linggar mangetan | bêkti kawula ngurmati | Ni Turida nauri | ya yayi manira matur | marang sang pinangantyan | nulya nêmbah matur aris | pan punika aturipun ri paduka ||

77. Nuwun ing sang sêkaliyan | pangundhuhipun ngurmati | wilujêngipun paduka | sira Ki Sèh Amongragi | nauri rum amanis | inggih punapa sakayun | nulya kang rayi prapta | Jayèngwèsthi angaturi | mring kang raka umangkat têdhak mangetan ||

78. Sèh Mongraga lon lingira | pan inggih sumangga yayi | nulya pra èstri sêdaya | bodhol sing wisma umijil | sira Sèh Amongragi | jumênêng lan garwanipun | maksih busananira | tan ewah kadya duk panggih | gya umangkat sang ro akêkanthèn asta ||

--- 6 : 152 ---

79. Miranti pacaranira | songsong jajaran wus rakit | santri ingkang salawatan | kalimah kalih trêbang tri | sadaya kang umiring | ngrahabi sauranipun | gumuruh rêmpêg tiga | la ilaha ilalahi | Mukammaddun Rasullolah Allah Allah ||

80. Ingkang narêbang titiga | Jamal Jamil Jalalodin | sarwi singir ing gambyongan | santri salawe prah singir | kapyarsa langkung asri | lêlagone Sêkar-gadhung | wit badatlana pi rab | bingit ngatil arkamari | sinauran ing lailaha illalah ||

81. Mukamaddun Rasullolah | Allah Allah sadayèki | kalangkung sêmuwanira | miwah kang samya ningali | jibêg jêjêl apipit | prapat manca-limanipun | wus ngêrti wartinira | yèn pangantyaning (n)Jêng Kyai | putra ari angundhuh mantu sadaya ||

82. Dadya ngarak sabên dina | mangkana pangrungunèki | milamba nononton samya | jalwèstri myang rare alit | samya suka ningali | mring kang samya mubra-mubru | miwah kang para wirya | tuwin ningali pangantin | cahyanira sumilak kadi sasangka ||

83. Wau ta ing lampahira | Jayèngraga ambagusi | lumampah anèng ing têngah | dèn-iring pra bagor sigid | lir pendah wayang klithik | aborèh kuning sumunu | sondhèr kunca kanginan | miwir kadya bêksa rangin | lampahira anggambuh nèng Jayèngragan ||