Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 7 : [0] ---

SÊRAT CÊNTHINI LATIN 7

YAYASAN CÊNTHINI YOGYAKARTA

--- 7 : [i] ---

SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS)

Yasandalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta.

JILID VII

Kalatinakên Miturut Aslinipun dening KAMAJAYA

[Grafik]

Penerbit: YAYASAN CÊNTHINI Yogyakarta, 1989

--- 7 : [ii] ---

Pênêrbitan punika dipun wragadi dening Dana Banpres S.K. No. 030/8/Th.1988 Tgl. 29-2-1988.

Babon ingkang kalatinakên

Sêrat CênthiniDitulis dengan huruf Jawa.

SÊRAT CÊNTHINI

Koleksi: Balai Kajian Sejarah dan Nilai Tradisional Ditjen Kebudayaan Dep. P dan K Yogyakarta.

Hak Cipta Dilindungi Undang-Undang

Penerbit: Yayasan Cênthini

Pencetak: PD. Hidayat Yogyakarta

--- 7 : iii ---

PATHOKAN NGLATINAKÊN SÊRAT CÊNTHINI

Pathokan nglatinakên (transliterasi) Sêrat Cênthini kados ing ngandhap punika:

1. Dhasaring pathokan 'Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan', Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta 1977.

2. Pangalih-aksara muhung miturut aksara Jawinipun. Pramila wontên satunggal têmbung sêratanipun Latin warni-warni, kadosta:

sudigbya - sudibya;

masjid - mêsjid - masjit;

watak - watêk - watag.

3. Aksara Jawi kasêrat Latin:

caDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... c

daDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... d

dhaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... dh

jaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... ja

yaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... y

nyaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... ny

thaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... th

4. Sandhangan swantên taling (e)Ditulis dengan huruf Jawa. dipunsêrat: /e/.

Swantên taling ingkang beda pamaosipun kalihan /e/, kasêrat kanthi tandha (diakritik) /è/, i.p. tumrap têmbung-têmbung ingkang kaanggêp pêrlu dipunsukani tandha, kadosta:

Èmpêr - èmpèr;

Lêmpêr - lèmpèr;

Gêgêr - gègèr.

5. Sandhangan swantên pêpêt (ê)Ditulis dengan huruf Jawa. dipunsêrat /ê/.

6. Murih runtut saha gampil panglacakipun sabên pupuh dipunwêwahi angka urut: I, II (angka Romawi) sarta pada angka urut: 1, 2 lst.

--- 7 : iv ---

7. Angka urut kaca isining buku jilid 1 angka 1 dumugi tamating jilid 1, kaca 332. Ing jilid-jilid lajêngipun sabên jilid kawiwitan saking kaca 1.

8. Migunakakên têtêngêr:

( ): kangge ngapit perangan wêwahan, kadosta: (m)botên, (ng)gèr, (n)dadosakên.

(?): têtêngêr perangan ingkang mbotên cêtha utawi ingkang risak.

[ ]: ingkang wontên salêbêting têtêngêr punika, botên pêrlu kawaos.

9. Kalêpatan ing dalêm naskah, upaminipun: /gagal/ kaparingan tandha...*) ing wingkingipun, salajêngipun ing ngandhap wontên cathêtan (footnote): prayoginipun /gigal/ = dhawah.

--- 7 : v ---

ISINIPUN SÊRAT CÊNTHINI VII

Sêrat Cênthini jilid VII isi 31 pupuh, wiwit pupuh 373 dumugi 403. ... kaca 1-226.

Urut-urutanipun saha gancaring cariyos kasbut jilid VII wau kados ing ngandhap punika:

I. Pangantèn Sèh Amongraga kalihan Nikèn Tambangraras kaundhuh dening para putra lan rayinipun Ki Bayi Panurta. Ki Pangulu Basarodin ugi angsal giliran ngundhuh pangantèn.

1. Ing griyanipun Jayèngsari, Sèh Amongraga nglajêngakên katranganipun bab Pawukon, bab dintên-dintên naas, kasambêt bab panggenaning rijalolah sarta saratipun tiyang kêkesahan ingkang nêrjang panggenanipun rijalolah. Wanci jam 10 Ki Bayi ngajak bibaran, para santana sami mantuk. Pangantèn sakalihan dhatêng langgar namung kalawan Ni Cênthini. Lajêng mêmulang garwa tuwin para ipe bab: jatining pandulu lan pamuwus; bab kajatèning ngèlmi dumugi bab wahya jatmika, rasa, hêning, sampurnaning panunggal.

Wanci têngah dalu Sèh Amongraga atangat lawan garwa wontên ing tajug alit, sabakdaning palilah, pangantèn maring tilam adi, anggung mêmulang mring garwa bab jatining puji ngantos byar enjing, lajêng manjing masjid angimami salat Subuh. ... kaca 1-18.

--- 7 : vi ---

2. Ing pandhapa sami dhahar sarapan, sinambi rêmbagan bab riba warni tiga: 1. riba badan, 3.2. riba lesan, lan 3. riba manah.

Dalunipun Sèh Amongraga mulang garwa bab ngamaling agêsang 4 prakawis inggih punika:

1. ngamaling sarengat, iman mrih bêkti;

2. ngamaling tarekat, iman amuji ing Pangeran;

3. ngamaling hakekat iman suhul ing Hyang Widhi; 4. ngamaling makripat angujlat maring Pangeran. ... kaca 18-26.

3. Enjingipun Ki Bayi sagarwa kadang putra lan Pangulu kêmbul sarapan sinambi bawaraos bab sahipun siyam ing wulan Ramêlan, pangkat tiga inggih punika: mukmin: ngam, kas, kawas. Katêrangakên: batal-makruhipun.

Ing wanci dalu Sèh Amongraga mulang garwa bab utamaning Islam; sawêlas daimira, inggih punika: 1. pêrlu daim, 2. niyat daim, 3. sahadat daim, 4. ngèlmu daim, 5. salat daim, 6. makripat daim, 7. tokid daim, 8. iman daim, 9. junun daim, 10. sakarat daim, lan 11. pati daim. ... kaca 26-30.

4. Enjingipun Ki Bayi sakadang putra sami lênggahan sinambi ngrêmbag bab utamaning rukun Islam 5 prakawis sarta kawasanira piyambak-piyambak, inggih punika: 1. sahadat, 2. salat, 3. jakat, 4. siyam, lan 5. kaji.

Dalunipun sang pinangantèn tangat palilahing ratri, nulya manjing tilam, tutup samir Ni Cênthini anèng sajawining gubah. Sèh Amongraga mêjang garwanipun bab kasampurnaning sêmbah lawan puji tan andulu ananing Hyang, papan tulis lêbur, mung tancêp panane kang dinulu. Sampurnaning panêmbah, hênêng-hêning, sungapaning lautan.

--- 7 : vii ---

Enjingipun lêlênggahan ing pandhapi, sinambi bawaraos bab: daliling Kur'an; "kulu saein wadahu". Sèh Amongraga muradi: tan karya pêjah-gêsang, tan paring ganjaran lan siksa, tan ngowahi bagianing dumadi. ... kaca 31-35.

5. Sang pangantèn sarimbit kaundhuh dhatêng griyanipun Ki Kulawirya. Wisma pinajang asri, tamu kathah, rêrêng gayêng pahargyaning ngundhuh pangantèn. Dalunipun Sèh Amongraga mulang garwanipun bab: patitising layaping dat, sipat, apngal.

Pamawasing asma wajibul wujud, wruh jatining tunggal, wruh jatining suwung. Jatining layap kalih prakawis inggih punika jaman adhakan lan jaman kaelokan. Layaping nendra lan layaping pana. ... kaca 35-39.

6. Enjingipun Ki Bayi sagarwa rawuh, lêlênggahan, abawararas bab: sunat apngal 6 warni, inggih punika: 1. sunating salat, tartib kabliyatan bakdiyatan; 2. sunat wabin (ênêm rakangat tiga salam), i.p. wabin kapdil iman, wabin ista-takarati lan wabin apêngal; 3. sunat minal-witri tuwin tal-witri (tigang rakangat kalih salam); Tahajud (kalihwêlas rêkangat ênêm salam); 5. sunat Luka (kalih rakangat salam); 6. Salat parlu Jumungah. ... kaca 40-41.

7. Pangantèn kaboyong dhatêng griyanipun Ki Pangulu Basarodin, botên kirang ing pamiwahanipun.

Ing dalu Sèh Amongraga mêjang garwanipun bab sajatining Pangeran lan maknanipun Sipat - 20, sarta kandhunganipun salat 5 wêkdal, sunat minal witri saha tal-witri. ... kaca 41-46.

--- 7 : viii ---

8. Enjingipun sami lêlênggahan sinambi ngrêmbag bab: kal donya tuwin kal akerat.

Kal donya 5 prakawis: 1. karya bêt sasana, 2. nampurnakên mayit, 3. tumuntên angemah-emahakên anak èstri, 4. nrapkên kukum kang wus sisip, 5. enggal nyaur sambutan.

Dene kal akerat wontên gangsal prakawis ugi, inggih punika: 1. talabul ing sêkawan ngèlmi; sarengat, tarekat, hakekat, makripat; 2. Angibadah salat gangsal wêkdal; 3. Kipayah dusing mayit, anyalatakên pisan; 4. Sabar tawêkal tan gingsir, tan opèn ing liyan; 5. Tapa têpa tanpantuk bukti. ... kaca 47-51.

9. Ing griyanipun Ki Pangulu Basarodin, andhêsêg Jamal Jamil nêdha pitêdah bab jampi apês botên pandak ing sanggama ingkang kasandhang dening Ki Pangulu. Jamal Jamil suka pitêdah sarat-sarananipun murih Ki Pangulu sagêd kiyat ing sanggama, wêkasan sagêda nurunakên wiji. ... kaca 52-55.

10. Wanci sontên pangantèn kaboyong wangsul dhatêng dalêmipun Ki Bayi Panurta katungka Mahrib sadaya sami salat jamaah ing mêsjid. Bibar Isa sami wangsul ngèbêki pandhapa, lajêng arame têrbangan kanthi singiran sarta emprak, wêkasan kêndhuri sapari-purnanipun. Sèh Amongraga dalah garwanipun tuwin Cênthini sami wontên ing mêsjid wingking. Ing tilamsari Sèh Amongraga mêjang garwanipun bab puji lan pati ingkang awor-misah, gampil angèlipun sampurnaning pati tuwin sampurnaning gêsang.

Nuripin ingkang ngêtêrakên sowanipun Sèh Amongraga dhatêng Ki Bayi Panurta kaganjar ngêrèh gangsalwêlas dhusun. ... kaca 56-72.

--- 7 : ix ---

II. Ngêdêgakên griya kangge Sèh Amongraga lan Kèn Tambangraras.

1. Ki Bayi dhawuh supados para rayi lan putra enggal ngusung ragangan griya ingkang sampun katumbas lan enggal dipun-dêgakên ing kampung Pananggungan, sawetan dalêmipun Ki Bayi. Tiyang kathah ngangkati lan ngêdêgakên griya, sarta mêsjid sinung balumbang angilèkakên toya, katambahan taman lan kitri amêpaki, punapadene pagupon dara lan gêdhogan. Sadaya sami sêngkut, rukun ing karya saengga sagêd rampung ing dalêm 4 dintên.

Sampun purna panggaraping wismanipun Sèh Amongraga, sadaya pinariksan Ki Bayi, tan wontên ingewahan. Nulya sami lênggah ing pandhapi, dhahar sêsarêngan para kadang tuwin putra. ... kaca 72-90.

2. Salêbêting lêlênggahan sami rêrêmbagan bab karêmênan pêksi dara. Lajêng kasambêt Sèh Amongraga nêrangakên bab uwiting ngèlmu kalêbêt bab risaking ngèlmi, bab sukur dhatêng tokit/tekad kang santosa, risaking tapa, witing amal, witing lampah, dumugi bab risaking naraka.

Wanci têngah dalu sasampuning wirid tuwin suhul Sèh Amongraga mêjang garwanipun bab hikmahipun salat Duha dalah waosanipun tuwin bab salat tasbih. Bakda Subuh lajêng lênggahan ing pandhapi kalihan Kyai Bayi Panurta sarta para rayi, putra lan Pangulu Basarodin. ... kaca 91-99.

III. Boyongan lan Upacaranipun.

1. Ing malêm Jumungah kawontênakên dhikiran Mulud.

--- 7 : x ---

Ing panêpèn Sèh Amongraga mêjang garwanipun bab asal lan kodrat dumadosing manungsa, bab saranduning manungsa, bab alam 4 prakawis. ... kaca 100-103.

2. Siyangipun tata-tata boyongan. Bakda salat Jumungah, Sèh Amongraga sêkalihan boyongan dhatêng griya enggal kanthi upacara.

Upacara boyongan dhatêng ing wisma wetan:

1. Griya enggal dipun-tarubi. Sèh Amongraga ingarak kados pangantèn, mangangge sarwa sae. Boyongipun ing wanci bibar salat Jumuwahan; bakda kêndhuri apêm ing pêndhapi, arak-arakan boyongan bidhal, dados tontonan tiyang kathah. Kêmbar mayang mawi tarêbang wontên ngajêng, putra pangantèn kêkalih sinongsongan, prapta wisma anyar lênggah ing jrambah, para èstri lênggah jajar, para santri andhèr ing latar, lajêng kêndhuri, kajat mêmule, wêkasan dinonganan, kasusul sami salat Asar ing mêsjid enggal.

Nyi Malarsih lan parèstri lênggah ing griya enggal, andangu Nikèn Tambangraras punapa sampun kapagut ing sih dening Sèh Amongraga.

Wangsulanipun dèrèng sinambrama, malah têbih saking punika, kajawi winêjang sawarnining ngèlmu agami. Nyi Malarsih mirêng wangsulan makatên sakêlangkung prihatos, jalaran kuwatos panggodhaning eblis. Ni Daya ambêbolèhi, sampun kuwatos ing manah jalaran Sèh Amongraga mila janma linuhung. Mêmujiya kemawon murih widadaning jêjodhoan. ... kaca 104-115.

--- 7 : xi ---

2. Baksa salat Isa sami lêlênggahan ing pandhapi sami mirêngakên andharanipun Sèh Amongraga bab: 1. sajatining ngèlmu kasbut ing kitab warna-warni; 2. bab sampurnaning iman lan tokit kanthi nucèkakên salat, ngantos dumugi bab panunggaling kawula Gusti dalah pilah-pilahanipun. ... kaca 115-118.

3. Sèh Amongraga anganthi Nikèn Tambangraras kairing Cênthini manjing ing dalêm, lajêng lênggahan. Sèh Amongraga nêrangakên kanthi wijang bab: 1. iman lan tokit; 2. wardining ngèlmi makripat dumugi kêkancinganing iman.

Lajêng sami salat tahajud ing mêsjid enggal kasambêt suhul. Sèh Amongraga kapranan dene Nikèn Tambangraras sampun sagêd nindakên suhul kanthi sampurna. ... kaca 118-120.

4. Nikèn Tambangraras nyuwun katrangan dhatêng Sèh Amongraga bab sajatining priya lan sajatining wanita. Dhawuhipun Sèh Amongraga, bab punika ibaratipun Allah Rasul Muhammad, purnaning roroning tunggal, i.p. Nikèn Tambangraras lan Sèh Amongraga.

Sarêng kalihan babaring sih, wêkasan Nikèn Tambangraras lan Sèh Amongraga dumugi patêmbayaning sih, kadi sêkar tinêmpuh ing sadpada. Kalampahan Nikèn Tambangraras rinasuk dening Sèh Amongraga.

Cênthini sumêrêp ing gati lajêng ngaturakên dhatêng Ki Bayi Panurta, bilih Nikèn Tambangraras sampun katêrasan. Ki Bayi Panurta sakalihan garwa muji sukur. Enjingipun Ni Daya damêl jampi miturut sakathahing

--- 7 : xii ---

ila-ila, dalah kêndhurinipun.

Sèh Amongraga matur ing rama arsa angêlih namaning ari Jayèngwèsthi, tinurunan namanipun rumiyin, i.p. Jayèngrêsmi, jinurungan, lajêng dipun umumakên sadhusun. ... kaca 121-130.

5. Ing wanci dalu Sèh Amongraga lagya kulinèng paprêman, Tambangraras winêjang bab: 1. Utamaning gêsang; 2. Jatining gêsang lan jatining pati; 3. Pamusthining sêmbah puji; 4. Pangrusaking kajatèn sêkawan prakawis; 5. Suhuling asmaragama gangsal prakawis.

Sèh Amongraga nandhang sêdhih, nanging èwêd ambabarakên raosing manah. ... kaca 131-137.

IV. Sèh Amongraga Lolos

1. Sampun 40 dintên pêngantèn sêkalihan sami sih-sinihan, wanci bakda Ngisa Sèh Amongraga lênggah kalihan garwa wontên ing paprêman, pamit badhe andon lêlana sarta badhe ngupadosi adhi-adhinipun ingkang pisah nalika pêrang ing Giri. Kathah-kathah pangrêpa pamalar lan piwêlingipun, sapêngkêripun, Nikèn Tambangraras kalilan krama malih, miliha priya ingkang asipat guru-laki.

Nikèn Tambangraras sakalangkung kagèt, tuwin sêdhih ngantos sêmaput kados dipun-lolosi otot bayunipun. Kathah-kathah pituturing laki, pinaringana iman, ngandêla dhatêng kawasaning Allah. Wêkasan sang Nikèn linipur saengga sare.

Sèh Amongraga mangkat lêlana kadhèrèkakên santrinipun Jamal Jamil, nilari sêrat tiga, dhatêng garwa, rama, lan dhatêng rayi ipe kalih-kalihipun.

--- 7 : xiii ---

Bangun enjing, sarêng Kèn Tambangraras ningali laki botên wontên, njêrit dhawah kantaka. Ni Cênthini gugup lumajêng dhatêng dalêm kilèn.

Ki Bayi sêkalihan garwa miwah para putra sami prapta ing wisma wetan, sêrat têtiga winaos, sawêg sami mangêrtos yèn Sèh Amongraga lolos andon lêlana. Sadaya sami sungkawa. ... kaca 138-147.

2. Lampahipun Sèh Amongraga sakanthinipun dumugi ing guwa Sirupan, cêlak dhusun Cadhuk, jajahan Prabalingga, panggih jurukuncinipun nama Ki Nitipala; mojar bilih sawênèh tiyang ingkang pêjah nênêpi ing guwa wau. Ing sakiwa-têngênipun kathah partapan wana wêrit. Lampahipun lajêng sumêngka dumugi rêdi Gêndhing, manêkung kawandasa dintên amrih babaring kajatèn. Lajêng tumurun nglangkungi têlaga sirahing lèpèn Gandhu, bêngawan tanah Bêsuki. Ing ngriku siyam pitung dintên.

Lampahipun kalajêngakên urut sukuning rêdi Sêmèru, arga Songsong ingkang têmbingipun jêmbar amot tiyang sèwu, dipun-aubi dening sela. Ngubêngi njajah wilayah Sêmèru sawulan tigang dintên; lajêng ngambah wukir Bunagin, wukir Rèntèng, wukir Selamanik lan talaga Muncar. Lampahipun kalajêngakên dumugi Panarukan, mahas wanadri amênggêl rêdi Putri, pèrèngipun rumpil aparung, lêlingiran sela pêthak, dumugi guwa Kawidadarèn, sakalangkung wingit, pucakipun bolong amadhangi. Salêbêting guwa wontên toya balumbang botrawi. Sang lêlana sêdasa dintên nênêpi ing ngriku.

--- 7 : xiv ---

Lampahipun anglangut mangetan lêrês ngantos pantog pasisir nyungap sawangan samodra. Laju mangetan, Sèh Amongraga sumêngka ardi Sêdana, ndêdêr, wontên ngriku pitung ratri.

Lajêng mandhap sumêdya dhatêng ardi Liridhuk, pitung dintên wontên ing Wotruyung. Lajêng mangidul nyabrang lèpèn Banyuwangi sadintên, têrus mangilèn dumugi sirahipun lèpèn ingkang wontên ing wana Sandi. Wontên ing ngriku sadalu. Lajêng mangidul nyabrang lèpèn Blambangan, nglojok tanah Jêmbêr. Dumugi ing têpining sagantên, numpak gèthèk dhatêng pulo Nusabarong, suwung botên kaambah tiyang, namung palakirna pêpak lan wontên candhinipun sela agêng ingukir. Wontên ing ngriku Sèh Amongraga manêgês karsaning Suksma. ... kaca 147-166.

V. Kulawarga Ki Bayi Panurta tansah kontrang-kantringan.

Kacariyos, ingkang wontên Wanamarta sadaya sami nandhang sungkawa. Sarana mawarni-warni katindakakên Ki Bayi Panurta, damêl kêndhuri kinêpung tiyang sadhusun, pangaosan pintên-pintên dalu. Sèh Amongraga sampun kesah gangsal wulan, nanging dèrèng wontên pawartos purugipun lan dunungipun. Sawênèhing santri ingkang ngaos ing Wanamarta nate kêpapag Sèh Amongraga mlampah mangetan wontên ing Panarukan, nanging nyimpang botên purun pêthukan tiyang. Ki Bayi sakalangkung eraming manah.

Kèn Tambangraras botên purun santun busana; gantung-kêpuh kemawon ngantos kulu-kulu, botên pisah rukuhipun. Sabên Jumuwah lan

--- 7 : xv ---

Anggarakasih botên kêndhat sidhêkah, mêmule ingkang mara bumi tanah Jawi. ... kaca 166-176.

VI. Sèh Amongraga anjajah wana wêrit, guwa sirung, papan-papan wingit saindênging Jawi Wetan.

1. Nglajêngakên cariyosipun Sèh Amongraga wontên ing pulo Nusabarong; pitung Jumungah, kawandasa kalih dintên; botên ngupados rahmating lair, namung kasampurnaning akir ingkang ginayuh.

Ing wanci bakda pajar sidik, Sèh Amongraga dalah santrinipun nuntên siyaga gèthèk, lampahipun anut alun mangalèr andharat ing tlatah Jêmbêr.

Lajêng lumampah anênggêl rêdi, manjing guwa, tumurun ing jurang, nusup wana dumugi ing tlatah Lumajang. Lumêbêt ing guwa Dalêm, wingit lan pêtêng nglimputi, kathah kêkayon anggi-anggi, kathah suwantêning dhêdhêmit gumuruh apêpasaran. Sang brangti lajêng istigfar, suwantên sirêp sanalika. Wontên ing ardi Gilang, kathah tiyang anênêpi. Sèh Amongraga anênggêl dumugi nginggil, kathah balung cumplunging tiyang, nuntên wontên gara-gara sindhung lesus, lindhu kêtug gumaludhug, nanging sang lêlana botên kengguh. Godha-godha lajêng sami sirêp. ... kaca 176-182.

2. Ngambah ardi Cawang, kêndhiting rêdi dados pakèndêlanipun tiyang nênêpi. Mlampah mangilèn nusup wanadri dumugi ing ardi Cêmpaka wilayah Lamongan, jèjèr ardi Arjuna. Ing pucakipun kathah woh-wohan, kathah toya wêning. Manjat pucak, sumêrêp wanodya ayu, i.p. pêri-pêrayangan, dhulangipun gantos-gantos. [gantos-...]

--- 7 : xvi ---

[...gantos.] Ngatingalipun namung sakêdhap-sakêdhap. Sadaya panggodha botên tumama, lajêng sami musna. Wontên ngriku ngantos satêngah wulan. ... kaca 182-185.

3. Lajêng mandhap ngalèr-ngilèn dhatêng ardi Lawang, nêrusakên lampah dumugi Sela-kêping, sumêdya dhumatêng ardi Maya Darawati, tapêlwatês Lumajang kalihan Ngantang. Salajêngipun ngambah ardi Drêkila, tlaga Rêtna, ardi Sampora, wukir Andong, wukir Pêrunggu, wukir Pêgat, laju ngidul-ngilèn ngambah tanah rawa nusup wana bondhotan dhatêng ardi Kêlut tanah Kêdhiri ingkang sakêlangkung wingit. Botên antawis dangu wontên suwantên gumalêgêr, sanalika grêmis lêbu jawah awu. Sèh Amongraga ndêdonga; kasêmbadan, lajêng têrang jawabipun.jawahipun. Nglajêngakên lampah dumugi ing rêdi Mendhong. ... kaca 185-192.

VII. Nikèn Tambangraras sakalangkung mêmêlas.

Ki Bayi Panurta nyarêngi barjamaah damêl kêndhuri, majêmukan, pêpak para kadang, putra, kami sêpuh, takèn wartosipun Sèh Amongraga. Sadaya ingkang kadangu bab purugipun Sèh Amongraga aturipun botên sami. Sadaya anggung ngudaraos kanthi sungkawa. Sasampunipun ndêdonga, lajêng bibaran. Wontên kabar bilih Sèh Amongraga katingal ing rêdi Mendhong.

Ki Bayi Panurta raosan kalihan garwanipun anggènipun kamiwêlasên dhatêng putra Kèn Tambangraras. Rama ibu anggung anglêlipur putra ingkang tansah karuna. Botên tega nilar putra, rama-ibu nênggani, lajêng kakuwu ing gandhok pungkur. ... kaca 192-195.

--- 7 : xvii ---

VIII. Sèh Amongraga kêmput andhatêngi rêdi-rêdi, guwa lsp.

1. Sèh Amongraga ingkang lagya sênêt nèng puncak wukir Kêlut, kidul-kilènipun ardi Mendhong, sêmèdi wontên ing guwa wau ngantos sèkêt dintên.

Nglajêngakên lampahipun engga dumugi Lodhaya, siang dalu kathah suwatêning sima, lampahipun kalajêngakên ngambah ardi Sakêthi. Wiwit saking tanah Lumajang ngantos dumugi ing tlatah Imagiri botên wontên tanah dhatar, kajawi pating pêcucu rêdi-rêdinipun. Kathah rêdi-rêdi lan guwa-guwa alit-alit urut pêsisir sagantên kidul ingkang dipun ampiri.

Lêpas lampahipun ngambah Wajak Watu-urip, ardi Gêthak, ardi Selandaka, gunung Wajak, sêndhang Wajak, guwa Menak, ardi Buthak, guwa Kumitir. Ing lêbêt wiyar wontên ingkang kadosdene margi.

Andarung lampahipun mangilèn dumugi rêdi Wilis tanah Panaraga. Jamal Jamil ngombe toya Watu-urip, têmahan sami buthak sirahipun lan tèngèng gulunipun. Punika pratandha gaib, sami têguh tanpa aji. ... kaca 195-200

2. Tumurun ngalèr-ngilèn dhatêng tlaga Ngêbêl, kèndêl sakêdhap wontên ing Ngêbêl, Balebatur, lajêng sumêngka dhatêng ing ardi Gêbyok Balebatu, manjat malih dumugi wukir Calam. Punika minangka korining wukir Tlaga Ngêbêl, dumugi ing pucak katingal kados samodra wêning tanpa sarah. Midêr-midêr ing pinggir tlaga kacaryan mulat. Ing sisih kidul katingal mili dhatêng padhusunan, kinarya gadhu sawah. ... kaca 200-202.

--- 7 : xviii ---

3. Wontên tiyang tapa tinakenan, ngakên tiyang dhusun Saba anami pun Angganala, kapêsan anggènipun sêsabin têlas, sinung pitêdah sarat panulaking ama.

Ki Angganala lajêng ndhèrèkakên lampahipun Sèh Amongraga angitêri arga angubêngi tlaga, wiwit kidul pisan: ardi Karang, Selakawak, Selapanggêl, Selatambak, Tunggangan, Watukodhok, Manuhara, Balelatu, Calam Agung, Sampêlawatan, ardi Patukan, Bathokan, Kêndhêng, Pragak, Kumambang, Mêdhacin, Bunglêgi, punthuk mubêng tlaga, sadaya pitulas rêdi; marginipun namung sêkawan, cêlangap satunggal.

Nuntên lumampah aningali sêndhang warni-warni. Ngukur lêbêting tlaga kanthi yasa gèthèk. Ngukur kanthi oyot sinambung-sambung binandhulan sela, pinanggih lêbêtipun kalih atus sèkêt kalih dhêpa (ingkang lêbêt piyambak) lan kalihatus kalih dhêpa (ingkang cêthèk piyambak).

Sèh Amongraga kalihtêngah wulan botên mandhap saking gèthèk, namung Jamal lan Jamil ingkang asring ndharat ngupados wowohan katêdha. ... kaca 202-213.

4. Sèh Amongraga sarta santri Jamal Jamil pamitan dhatêng Ki Angganala pêrlu anglajêngakên lampah ndêdêr margi mangidul, yèn kadalon sipêng ing wana-gung, awis kapanggih tiyang. Sabên punthuk guwa dipun ampiri tandhês dumugi ing pasisir kidul, ngambah ardi Pusêr, Topèng, Munjit, Gowang, Wungu, Cula, Pangon, Brok, Têlu, Dhanyang, Marabangun, Sitirêbah, Banakaki, Pura, Prêgut, dumugi ardi Sakêthi.

--- 7 : xix ---

Mèh sabên guwa ing rêdi-rêdi dipun-ampiri, kados ta: Bêkêl, Pacal, Rêngu, Jangglèng, Rêmit, Sêdhêng, Cumbu, Krêtêng, Gupit, Lètèr, Cerong, Sungsang, Karag, Tarup, So, Sêmpati, Burêng, Racun, Tuwak, Lapis, Bêntur, Brondong, Sêjana, Kêmukus.

Lampahipun dumugi tlatah Pacitan, nglangkungi kathah rêdi-rêdi sarta guwa-guwa.. ... kaca 213-218.

5. Sèh Amongraga nglajêngakên lampahipun urut pasisir tanah Kaborehan dumugi sagantên Anakan, ngandhêlong ngalojok ngalèr angêndhil katangkêp ing rêdi, anjog ing wukir Lima, kaprênah sawetan sagantên Anakan, mampir guwa Selagênthong tigang dintên. Salajêngipun mampir ugi ing Watu Kêmbul, Luwêng Sirah-Blêrêng, Luwêng Upas, Pringgadhing, Sumbêr Pusêr, Karêman Jatiwulung, Sidalaya. Kêmaya ing pucuking wukir Lima sami kabuyutan, dhanyang mêrkayangan, kawingitan mara-bumi. Salajêngipun manjat rêdi-rêdi, ngidêri guwa-guwa ing rêdi Lanang, Suralaya, Samapura, Gèmbèl, Kukusan, Bathok, Manik, ngantos dumugi ardi Karanggajah pantog ing samodra. Cacahipun rêdi-rêdi ingkang ngubêngi sagantên Anakan wontên sangangdasa-sanga.

Sèh Amongraga mlêbêt ing guwa Sraboja, inggih punika guwa ingkang katingal kadung-kadung ing ngandhap rêdi papongol kidul-kilèn, botên wontên marginipun ingkang botên mbêbayani.

Katingal kathah patilasaning para linangkung. Rakiting guwa botên wontên ingkang mirip. Wontên kontên ingkang minangka regolipun, kontên mlêbêt tundha tiga, kiwa têngên katingal kados pisang tundhun, têbu, cêngkir.

--- 7 : xx ---

Mlêbêt wiwara ingkang kaping tiga saya pêtêng katangkêp pêksi lawèt mbrubul. Sêdasa dintên nêpi ing ngriku. ... kaca 219-223.

6. Mêdal saking guwa kapanggih tiyang wasta Ki Arisbaya. Nama guwa Sraboja miturut Ki Arisbaja adhêdhasar dêdongengan, duking nguni wontên raja Sabrang angajawi wasta Prabu Sasrabau, dhatêngipun kadhèrèkakên para garwa ayu-ayu, anjujug ing ardi Kidul, inggih ardi Katongan mêngidul anjog ing Sampar Paliyan. Wontên ing ngriku milihi lan mêndhêt wanita ingkang ayu-ayu.

Lampahipun laju mangetan, dumugi ing Pêngging kèndêl ing pucakipun ingkang winastan Jati Gancangan. Lajêng mangetan kèndêl ing Kêlayar abên-abên sawung ing têpining laut, winastan Karangdalêm lan Karang Pangabên-sawung. Dumugi ing ngriki lajêng nêbar bala, para tumênggung lss. sami gêgriya angubêngi praja. Nagarinipun nama Kaborehan dados praja harja, ngantos tumurun, wêkasan mikrat atilar tilas awujud wukir Karanggajah wujudipun kadidene gajah njêrum, sukunipun kacob samodra lan katingal gulunipun. Tiyang sagêd sumêrêp ingkang kasinungan awasing pandulu sawantahipun, kadhaton Sraboja ingkang sakêlangkung angkêr punika.

Sèh Amongraga kapranan aningali guwa Sraboja lan sakiwa-têngênipun. ... kaca 244-226.

--- 7 : 1 ---

SÊRAT CÊNTHINI VII

373. Lonthang

1. Nulya kang gumanti ing taun Jimawal | tanggalipun sasi Sura dintên Tumpak | Wage wuku Julungwangi nulya wulan ||

2. Sapar tanggal Sênèn Wage Mandhasiya | wulan Mulud tanggal Slasa Pon Marakèh | nulya wulan Rabingulakir tanggal ||Kurang satu suku kata: nulya wulan Rabingulakir tanggalnya.

3. Kêmis Êpon wuku Wuye nulya wulan | ing Jumadilawal tanggale Jumuwah | Paing kang awuku Wugu sarêng tanggal ||

4. Wulan Jumadilakir tanggale Akat | Paing wuku Sinta nulya wulan Rajab | tanggal Sênèn Lêgi wuku Tolu tampa ||

5. Wulan Ruwah Rêbo Lêgi tanggalira | wuku Julungwangi gya wulan Ramêlan | tanggal Kêmis Kaliwon wuku Langkirnya ||

6. Wulan Sawal Sêptu Kaliwon tanggal |Kurang satu suku kata: Wulan Sawal Sêptu Kaliwon tanggalnya. wuku Kuruwêlut wulan Dulkangidah | tanggal Akat Wage wuku Wuye ika ||

7. Wulan Bêsar Salasa Wage tanggalnya | wuku Wugu wus tamat sataunira | nulya kang gumantya taun Je kang tampa ||

8. Tanggalnya ing Sura Rêbo Pon punika | wuku Watugunung nulya wulan Sapar | tanggal Jumungah Pon Kurantil wukunya ||

9. Wulan Mulud Saptu Paing tanggalira | wuku Warigagung anulya kang wulan | Rabingulakir tanggal Sênèn Paingnya ||

10. Wuku Langkir gya wulan Jumadilawal | tanggal Sênèn Kaliwon Kruwêlut wukunya |Lebih satu suku kata: tanggal Senèn Kliwon Kruwêlut wukunya. Jumadilakir Kêmis Lêgi tanggalnya ||

11. Maktal Rêjêb Jumungah Kliwon tanggal |Kurang satu suku kata: Maktal Rêjêb Jumungah Kliwon tanggalnya. wuku Bala nulya wulan Sakban tanggal | Akat Kaliwon wuku Watugunungnya ||

--- 7 : 2 ---

12. Wulan Ramêlan Sênèn Wage tanggal |Kurang satu suku kata: Wulan Ramêlan Sênèn Wage tanggalnya. wuku Kurantil nulya ing wulan Sawal | tanggal Rêbo Wage Wrigagung wukunya ||

13. Wulan Dulkangidah Kêmis Pon tanggal |Kurang satu suku kata: Wulan Dulkangidah Kêmis Pon tanggalnya. wuku Kuningan nulya ing wulan Bêsar | tanggal Sêptu Êpon wukunipun Pahang ||

14. Gumanti taun Dal tanggale ing Sura | apan Akat Paing wukunipun Maktal | sasi Sapar Salasa Paing tanggal ||Kurang satu suku kata: sasi Sapar Salasa Paing tanggalnya.

15. Wuku Bala nulya wulan Muludira | tanggal Rêbo lêgi Dhukut wukunira | sasi Rabingulakir tanggal Jumungah ||

16. Lêgi wuku Wukir anulya kang wulan | Jumadilawal Sêptu Kliwon tanggalnya | wuku Warigalit anuntên kang wulan ||

17. Jumadilakir Sênèn Kliwon tanggal |Kurang satu suku kata: Jumadilakir Sênèn Kliwon tanggalnya. kang wuku Kuningan nulya sasi Rajab | tanggal Sêlasa Wage kang wuku Pahang ||

18. Sasi Sura Kêmis Wage tanggalira | wuku Madhangkungan gya wulan Ramêlan | tanggal Jumungah Êpon wuku Prangbakat ||

19. Wulan Sawal Akat Êpon tanggalira | wuku Dhukut nulya wulan Dulkangidah | tanggal Sênèn Paing wuku Wukirira ||

20. Sasi Bêsar Rêbo Paing tanggalira | wuku Warigalit tamat sêtaun |Kurang satu suku kata: wuku Warigalit tamat sêtaunnya. wondene nênggih ing taunipun ngarsa ||

21. Gantya taun ehe tanggale ing Sura | pan Jumungah Paing wukunya Galungan | sasi Sapar Akat Paing tanggalira ||

22. Wuku Pahang nulya sasi Muludira | tanggal Sênèn Lêgi wuku Madhangkungan | anulya kang wulan Rabingulakirnya ||

23. Tanggalnya Rêbo Lêgi wuku Prangbakat | sasi Madilawal Kêmis Kliwon tanggal | wuku Landêp anulya ing wulan Rajab ||

24. Tanggal Akat Wage Wrigalit wukunya | sasi Ruwah Salasa Wage tanggal |Kurang satu suku kata: sasi Ruwah Salasa Wage tanggalnya. wuku Galungan anulya wulan Ramêlan ||Lebih satu suku kata: wuku Galungan nulya wulan Ramêlan.

25. Tanggal Rêbo Pon Julungpujud wukunya | sasi Sawal Jumungah Pon tanggalira | wuku Tambir nulya wulan Dulkangidah ||

26. Tanggal Saptu Paing Manahil wukunya | sasi Bêsar Sênèn Paing tanggalira | wuku Kulawu tamat sataunira ||

27. Gantya taun Wawu tanggale ing Sura | tanggal Salasa Lêgi Landêp wukunya | sasi Sapar Kêmis Lêgi tanggalnya ||Kurang satu suku kata: sasi Sapar Kêmis Lêgi tanggalira.

--- 7 : 3 ---

28. Wuku Gumbrêg gya wulan Rabingulawal | tanggal Jumungah Kêliwon wuku Sungsang | Rabingulakir Akat Kêliwon tanggal ||

29. Wuku Julungpujud sasi Madilawal | tanggal Sênèn Wage Tambir wukunira | Jumadilakir Rêbo Wage tanggal ||Kurang satu suku kata: Jumadilakir Rêbo Wage tanggalnya.

30. Wuku Manahil nulya ing wulan Rajab | tanggal Kêmis Êpon wukunira Wayang | Ruwah tanggal Saptu Êpon wuku Sinta ||

31. Sasi Pasa Akat Paing tanggalira | wuku Gumbrêg anulya ing wulan Sawal | tanggalnya Salasa Paing wuku Sungsang ||

32. Dulkangidah Rêbo Lêgi tanggalira | wuku Mandhasiya nulya wulan Bêsar | tanggal Jumungah Lêgi Marakèh wukunya ||Lebih satu suku kata: Tanggal Jumngah Lêgi Marakèh wukunya.

33. Gantya taun Jimakir tanggaling Sura | Saptu Kliwon wuku Wuye sasi Sapar | tanggalnya Sênèn Kaliwon wuku Wayang ||

34. Sasi Mulud Salasa Wage tanggal |Kurang satu suku kata: Sasi Mulud Salasa Wage tanggalnya. wuku Sinta nulya Rabingulakirnya | tanggal Kêmis Wage Tolu wukunira ||

35. Jumadilawal Jumungah Pon tanggal |Kurang satu suku kata: Jumadilawal Jumungah Pon tanggalnya. wuku Julungwangi anulya kang wulan | Jumadilakir Akat Pon tanggalira ||

36. Wuku Mandhasiya nulya wulan Rajab | tanggal Sênèn Paing Marakèh wukunya | nulya Ruwah Rêbo Paing tanggalira ||

37. Wuku Wuye nulya ing wulan Ramêlan | tanggal Kêmis Lêgi Wugu wukunya |Kurang satu suku kata: tanggal Kêmis Lêgi Wugu wukunira. nulya Sawal Saptu Lêgi tanggalira ||

38. Wuku Watugunung nulya Dulkangidah | tanggal Akat Kaliwon Tolu wukunya | nulya wulan Bêsar tanggalnya Sêlasa ||

39. Kêliwon Julungwangi nulya wukunya | wus jangkêp sawindu dintên kang nèng tanggal | sabên taun Alip anggêr taunira ||

40. Kêmis Kliwon sarêng tanggal sasi Sura | wuku kalih kang lumampah gantya-gantya | Alip wuku Kulawu Alip Langkirnya ||

41. Taun ehe Sênèn Wage tanggal Sura | wuku Tambir lan Kurantil ganti mara | taun Jimawal Saptu Wage ing Sura ||

42. Wuku kalih Mandhasiya lan Prangbakat | taun Je Rêbo Pon sarêng tanggal Sura | Watugunung Julungpujud gênti mara ||

43. Taun Dal Akat paing tanggaling Sura | wuku Maktal Gumbrêg samya gênti mara | taun Be Jumungah Paing tanggal ||Kurang dua suku kata: taun Be Jumungah Paing tanggalira.

--- 7 : 4 ---

44. Wuku kalih Galungan Wugu pan gantya | taun Wawu Slasa Lêgi tanggal Sura | wuku kalih Landêp Kuruwêlut gantya ||

45. Taun Jimakir Saptu Kliwon ing Sura | wuku kalih Wuye Warigalit gantya | sampun tamat kalih kang linampah ||Kurang dua suku kata: sampun tamat kalih kang linampah samya.

46. Dene windu kathahipun mung sakawan | windu Kunthara windu Adi kalihnya | Sancaya tri kapate windu Sêngara ||

47. Pan punika lampahe tapriking tanggal | kawan Kurup kadhang sami nuntên slaya | ingkang kêncêng namung Kurup Ngarbangiyah ||

48. Mênggah babing wulan Siyam mêgêngan |Kurang satu suku kata: Mênggah babing ing wulan Siyam mêgêngan. wa mêkatên ngulama satunggal-tunggal | apan kêdah nyindikkên timbuling tanggal ||

374. Maskumambang

1. Kyai Bayi Panurta têrang tyasnèki | myarsa wuwusira | kang putra Sèh Amongragi | nuli malih atêtanya ||

2. Mênggah nangasing tanggal punika pundi | kang putra turira | nangasing wulan satunggil | apan sapisan sawulan ||

3. Apan sangêt piyambak nangasing sasi | sabarang pakaryan | lamun anêrak tan bêcik | cilaka tur miskin paman ||§ Prayoginipun / pangan /.

4. Karananya ing dintên punika lagi | nênging rijallolah | pan nangas agêng pribadi | tan kenging maha anêrak ||

5. Wiwit wulan Sura naas gung sa-ari | pan tanggal wolulas | wulan Sapar naasnèki | apan tanggal ping sadasa ||

6. Wulan Mulud tanggal ping pat naasnèki | Rabyalakir naas | tanggal tigawêlas nênggih | kang sasi Jumadilawal ||

7. Tanggal kaping tiga naasing gêng nênggih | Jumadilakirnya | tanggal kaping tiga nênggih | anulya ing wulan Rajab ||

8. Tanggal kaping wolulikur naasnèki | wulan Sakban samya | wolulikur naasnèki | nulya ing wulan Ramêlan ||

--- 7 : 5 ---

9. Tanggal pisan naasipun agêng nênggih | dene wulan Sawal | tanggal pindho naasnèki | ingkang sasi Dulkangidah ||

10. Tanggal kaping tigawêlas naasnèki | de kang wulan Bêsar | tanggal kaping wolu nênggih | jangkêp nangas gunging wulan ||

11. Kyai Bayi Panurta têtanya malih | anakmas manira | tyas taksih cuwa sakêdhik | dunungipun rijallolah ||

12. Ki Sèh Amongraga aturira aris | mênggah prênahira | ingkang rijallolah aib | manut ing dintên ênggènnya ||

13. Lamun dintên Akat rijallolah aib | kidul bênêr (ng)gènnya | Sênèn rijallolah aib | anèng wetan lêrês (ng)gènnya ||

14. lamun dintên Slasa rijallolah aib | nèng lor wetan (ng)gènnya | Rêbo rijallolah aib | anèng langit ênggènira ||

15. Namung dintên Kêmis rijallolah gaib§ Prayoginipun / aib /. | nèng lor bênêr (ng)gènnya | Jumngah rijallolah gaib§ Prayoginipun / aib /. | anèng kulon bênêr nggènnya ||

16. Namung dintên Saptu rijallolah gaib§ Prayoginipun / aib /. | kidul kilèn (n)gènnya | jangkêp rijallolah gaib§ Prayoginipun / aib /. | punika ngèlmi kapiyat ||

17. Ihtiyaring kawulèng Hyang ngam puniki | lamun manggih karya | mêdal (ng)gyan rijallolahi | nadyan tiyang kêkesahan ||

18. Kang ngèlmi kapiyat kêdah dèn-sarati | manawi kasêlan | sarat tumêngèng wiyati | watara ing pitung dina ||

19. Manawi mangkat ing dintên Sênèn nênggih | pan sarat amangan | tigang pulukan abukti | yèn mangkat dintên Sêlasa ||

20. Sarat nikêl kayu lamun mangkat malih | ing dintên Rêbonya | sarat (n)jêjak lêmah ping tri | kalamun mangkat lulungan ||

21. dintên Kêmis manggang tangan saratnèki | yèn mangkat Jumungah | sarat akêkêmu warih | lamun mangkat dintên Tumpak ||

22. Sarat tigang dintên akêkudhung jarit | Akat susumpinga | yèn kesah têbih ywa lali | utawi yèn anglurug prang ||

--- 7 : 6 ---

23. Pinandêng prênahing rijallolah aib | ingulukan-salam | ngalekum rahmatulahi | wakalara rijallulah ||rijallolah (sesuai diatas).

24. Sarta angênggèni keblat prênahnèki | ingkang rijallolah | lamun wontên lèr (ng)gènnèki | sarat ngêngidul§ Prayoginipun / mengidul /. lakunya ||

25. Lamun rijallolah gaib§ Prayoginipun / aib /. anèng langit | mudhun ing jog-jogan | nèng kidul mêngalèr lari | lamun nèng kilèn mangetan ||

26. Lamun anèng wetan mêngilèn lumaris | namung nèng lèr wetan | mêngidul-ngilèn lumaris | kidul kilèn ngalèr wetan ||

27. Tamat lampahipun rijallolah gaib§ Prayoginipun / aib /. | Ki Bayi asuka | kalangkung lêga tyasnèki | ningali kang mantu tama ||

28. Sakèhing kang myarsa sadaya pupuji | mring Sèh Amongraga | miwah kang ibu Malarsih | rumaos rahmat tyasira ||

29. Wiradhustha Jayèngwèsthi Jayèngragi | Panukma Panamar | Kulawirya Basarodin | cipta (ng)guguru sadaya ||

30. Samya padha tyas tan sumêlang samênir | kaluhuran sabda | dening sang anom kakiki | kang tuwa majajingajaji = ngaji + aji. samya ||

31. Tan kumlamar dènnya nganggêp guru yêkti | mring Sèh Amongraga | sumungkêm toh lahir batin | suka anjurudêmungnya ||

375. Jurudêmung

1. Ing wanci pukul sadasa | Ki Bayi Panurta muwus | sêdhênge bubaran lungguh | maklum kang aduwe karya | karipan manawa ngantuk | kang rayi matur sandika | Ki Bayi sung salam gupuh ||

2. Kang putra Sèh Amongraga | ngaturkên asta andhêku | wusnya gya pra pamanipun | gantya-gantya atur salam | Wiradhustha Panukmèku | Panamar myang Kulawirya | anulya Kyai Pangulu ||

--- 7 : 7 ---

3. Atur salam miwah marang | Jayèngwèsthi Jayèngragèku |Lebih satu suku kata: Jayèngwèsthi Jèngragèku. wus waradin salamipun | sigra Ki Bayi Panurta | lan kang garwa samya kondur | para ri ngiring sadaya | wangsul paregolanipun ||

4. Samya mantuk sowang-sowang | yata wau ingkang kantun | Mongraga lan garwanipun | malbèng wisma lajêng marang | tajug panêpèn ing pungkur | linangse masjide seta | awingit simpar asamun ||

5. Sang ro wus tumamèng sanggar | cèthi Cênthini tan kantun | Ki Jayèngraga wus mangsuk | ing wisma lan ingkang garwa | wau ta kang anèng tajug | Mongraga lan Tambangraras | dhadharan sumaos ngayun ||

6. Cênthini nata ing ngarsa | Sèh Mongraga ngandika rum | yayi dèn-kaparèng ngayun | pan iki ana wirayat | ing waliulah linuhung | yogya iku kawruhana | ing ngèlmu rasaning wuwus ||

7. Anulya kang rayi prapta | Jèngraga lan garwanipun | samya mrih cacadhang wuruk | saking masud wong kalihnya | prapta aririh nèng ngayun | kang raka mèsêm ngandika | punapa botên kawayun ||

8. Kang rayi ro aturira | tan ngraoskên ambaliyut | Sèh Mongraga lingira rum | mring kang rayi Jayèngraga | alkamdulilah aplalu | inggih kang cêlak kewala | sami ngraosakên ngèlmu ||

9. Kawula sawêg anabda | ing (m)bakyu andika sang rum | umatur sarwi tumungkul | kawula maklum kewala | ing wuwulang mring (m)bokayu | mapangat dhatêng kawula | ri paduka ngayun-ayun ||

10. Sèh Mongraga lon lingira | mring garwa lon madu juruh | yayi pamuwusku mau | mungguh sasmitaning gêsang | wajib kang ahli ing surup | wus jamaking waliulah | ingkang angyêktèni kawruh ||

11. Iki yayi kawruhana | mulya jatining pamuwus | Hyang sêdya Suksma kang wimbuh | parêking Hyang sasolahnya | lir atma nèng angganipun | dènnira among ing karsa | tan pantara ing sakayun ||

--- 7 : 8 ---

12. Paesan wahya jatmika | ingakên rasa Hyang Agung | rasaning Hyang purbanduluPurbandulu. | andulu piyambakira | lir anopèng paminipun | solahing rasa kawangwang | adohing tingal kadulu ||

13. Ilapat punika tingal | tingalira mring Hyang Agung | sarêgêp dulu-dinulu | dènnya molah mong-winongan | winong ing pribadinipun | kadya wahya lan dyatmika | kadya mangkana liripun ||

14. Kang liring-liniring tingal | lingling-linglingan pandulu | nglingliningan ing pamuwus | têmah ilang tanpa nora | tunggal samudananipun | solah ing jati kawangwang | kang andulu kang dinulu ||

15. Datan lulunturan tingal | lir dhêg-êndhêg lan mun-amun | pisah kumpule tan ngantu | dening kang durung waspada | panganggêpe kadung-kadung | pan anggayuh-gayuh tuna | tuna liwat kèh sinêngguh ||

16. Saking tan wruh jatineka | jatine tanpa srirèku | sariranirèku dudu | jatining Hyang sêdya Suksma | among jiwa jatinipun | jiwangga tan na sarira | sopana pipindhanipun ||

17. Gatha rêtna madu raswa | kêtarèng coba§ Prayoginipun / jaba /. dinulu | saciptanira ing kawruh | lan graita lan sasmita | alpèng wangsit awas (n)dulu | kalawan tampining driya | dèn-akatrêm anèng kalbu ||

18. Kadya sêkar toyèng kentar | tan sêlaya sarirèku | apan sarêng solahipun | lir sêrati nunggang liman | têkèng lampah èsthinipun | kasariran solah kita | yayi kaya ta wong punggung ||

19. Tan wruh yèn anèng sarira | anggung dènulati ngênu | ingulatan tan kapangguh | datansah angaya-apa | lir pandung kalane dalu | antya rêgêpa sirêpan | (ng)gurayang tan wruh (ng)gènnipun ||

20. Pangling tan kêna ngulatan | ciptane kadya nênêmu | balolokên ing pandulu | kapêtêngan ing asuka | yèku wong tan wruh ing kawruh | têmah papa siya-siya | yayi kang dadya puniku ||

--- 7 : 9 ---

21. Pijêr angas ing Pangeran | amêsthèkkên ingkang durung | tyas kêdarung kadya lurung | kêlurung ngambah larangan | tan owêl uripe lurung | tan wruh rasaning angarang | kang kasurang-surang wurung ||

22. Kang wus tan samar ing marga | mangkana ponang andulu | topèng kang anopèng iku | tan ana lyaning paningal | srênggaranya asung lulut | dènnya nungsung guyunira | guyune ingkang andulu ||

23. Kênèng lungiding sasmita | mèh-mèh lir milu angludruk | kang (m)bêsur kêkêl angguyu | kapêjêng-pêjêng alatah | kabyaktan§ Prayoginipun / kabyatan /. wangsiting ludrug | kapênêdan ing paningal | arda sèdhêt wuryaningrum ||

24. Kadi kilat pamaneka | mung sakêdhap padhangipun | tan jênêk kêkêl punang wruh | pan paliwara kewala | sakèhing ingkang andulu | banyole ki Gambuh lêbda | singa dèn-banyolkên patut ||

25. Sapa wruha araningwang | lamun tan pribadinipun | ngaranana dhèwèk iku | yèn sung gambuh ingkang wignya | yayi ywa kêliru surup | kang myat dêrma ngèstokêna | sampurnane ing pandulu ||

26. Si rupa kang rinumpaka | tan ana kari kêdulu | katon kang angrumpaka yun | sêktine amisesèngrat | ana ora ing sirèku | wus mangkono karsaning Hyang | lulutira onêng wuyung ||

27. Anjatèni jinatènan | asung wruh ing sira tan wruh | mangke mapan sun-angetung | saking sira marganira | kadya pamisiking kalbu | rungonên bae manira | nyananingong pangudangmu ||

28. Andananingkung ing nala | kagugu ing siyang dalu | tan wun kêsambat sirèku | tan arah yuktining lampah | yayi yèn sira wus surup | tutupana ing sarengat | tarekatira dèn-brukut ||

--- 7 : 10 ---

29. Lan kakekate kang santosa |Lebih satu suku kata: Lan kakekat kang santosa. makripat ingkang aluhur | Tambangraras tyasnya sukur | karenan wulanging raka | toh tyas syuh sêdya tumutur | tar pae Ki Jayèngraga | lan garwa ngartati tutur ||

376. Dhandhanggula

1. Yata wau ingkang lagya prapti | Jayèngwèsthi lawan ingkang garwa | lajêng tumamèng ngarsane | Jèngraga mingsêr lungguh | Sèh Mongraga mingsêt sarya ngling | yayi sawêg kularsa | -arsa nuntên rawuh | Jayèngwèsthi aturira | sakalangkung kawula cuwa duk enjing | tan katon angsal wulang ||

2. Amongraga angandika malih | marang ingkang garwa Tambangraras | miwah mring kang rayi dene | yayi ujar kang iku | mêtu têka ing Kitab Jawi | kidungane uliya | waliyulah luhung | lambang lêlèjêming rasa | kang kaliling ing siyang kêlawan ratri | surasaning ngagêsang ||

3. Rinasanan kêlawan pribadi | mungguh wêkasaning kêdadeyan | ngèlmu sarengat jatine | apan iku pitutur | tur utama ran kabar yakin | tarekat jatineka | anglilimbang catur | caturing para suhada | dalil kadis kususe kalawan yakin | dene ngèlmu kakekat ||

4. Sajatine kêdah angyêtèni | kabar ingkang wus kusus muktamat | ayun wruh ing sayêktine | makripat jatinipun | yun waspada marang kêdadin | dadine kang sampurna | purwakaning kawruh | wêruh akasatmataa | iku yayi tan kêna kalawan saksi | namung thok dhawakira ||

5. Nora kêna apêpeka pikir | iku sêmune wahya jatmika | jatining wahya budine | jatmika jatinipun | apan badan kita puniki | aran kang bangsa êrah | kulit daging balung | sungsum sêngsêming jatmika | mikanana ing pati sajroning urip | kêlawan ênêngira ||

--- 7 : 11 ---

6. Ênêng iku yayi ingkang hêning | hêning punika tan paja muga | mungguh kita kumambange | akêlêm ing asamun | pasêmone kasaman jati | jati kang tan tumitah | muhung ing Hyang Agung | kewala jatining wênang | wênang amisesèngrat birat ngrakêti | tan ana napi isbat ||

7. Iku yayi sajatining hêning | yèku ingkang nêng sajroning gêsang | gêsang ing ati tatrape | milane kang wus luhung | bisa mati sajroning ngurip | urip tan kênèng pêjah | matitis ing kawruh | tan kawruhan ing akathah | wus kukutha waskitha papêsthèn gaib | mangkono kang wus tama ||

8. Gunung katon têgal katon yayi | ewuh katone wahya jatimika |Lebih satu suku kata: ewuh katone wahya jatmika. yèn tan lawan paesane | paesan iku ngèlmu | upamane wong ngilo yayi | kudu ngupaya kaca | kang wêning sumunu | lamun goroh kacanira | ingkang ngilo gèsèh rupa jroning crêmin | gèsèhe saking kaca ||

9. Milane parlu talabul ngèlmi | ngèlmi papat puniku paesan | sarengat lan taretake | hakekat makripatu | kudu ngêningakên kang ngèlmi | yèn luput tampanira | yayi maring ngèlmu | iku kaca gorohannya | wahya jatmika wisesa ing carêmin | gorohe lan yaktinya ||

10. Kêdah ngati-ati ing ngaurip | arêp wêruh rasaning sarira | ana Suksma ing awake | tan sêpi parêkipun | nanging arang ingkang ngawruhi | dahat dene asamar | tan kêna dinunung | ananing Hyang tan dunungan | anon tinon marmane tan aningali | alingan ing paningal ||

11. Lamun sira yayi angabêkti | kang tumêka sampurnaning tunggal | tunggalêna ing karone | haywa kèh kang kadulu | (n)dulu tunggal iku kang jati | pan sampurnaning tunggal | tan dulu-dinulu | andulu ing dhawakira | tan anunggal-tinunggalan ing liyaning | têgêse liya ika ||

12. Nora kawoworan pikir kalih | utawa yèn kasiwo ing kathah | ethethekle panêmbahe | yayi sira yèn yun wruh | sampurnaning panêmbah jati | iku marganing sunya | nugraha kang wêruh |

--- 7 : 12 ---

marang sajatining ora | nora kêna rewa-rewa anggêgampil | papalên ing papastha ||§ Prayoginipun / palêstha /.

13. Padhêm kayon yayi pangabêkti | pan tan ana ingkang katingalan | anging ananira dhewe | pan siji jatinipun | datan ana kawula Gusti | cêp tan kêna kinêcap | liyêting§ Prayoginipun / lêyêting / [Sebaiknya: liyêping]. ngaluyut | pangangrêmaning nugraha | pamêdharing§ Prayoginipun / pamudharing /. sih datan kêna dinalih | tan wiwitanwiwit tan. wêkasan ||

14. Upamane yayi raga iki | kadi pandam kurung pacakannya | roh ilapi lir urube | kang ngèlmu anglir kukus | dat mutêlak panasirèki | puniku kawruhana | pisah kumpulipun | urub lan panase ika | wruh apisah kumpuling panas lan gêni | pan tan kêna pinisah ||

15. Aywa ngaku yayi angabêkti | rungsit trape mungguh panarima | lara kang tan wruh jatine | mapan tan kênèng mundur | lamun kundur aja agingsir | nistha lamun kundura | awètawit. ginaguyu | alara rêke ing tiba | lamun kundur ing tiba tan kêna tangi | nistha tanpa puwara ||

16. InkangIngkang. sura lêgawa ing pati | sopanèng (n)don mungguh ananing Hyang | tan dinadèkakên dene | datan dulu-dinulu | nora sêbut-sinêbut yayi | utawa nguripana | sêsêg jagad iku | jail yèn amatènana | ananing Hyang Maha Sukci gaib yayi | langgêng tanpa karana ||

17. Tan kajaba tan kajêro yayi | datan kering kanan ananira | pasthi langgêng pribadine | tan rame tan nèng samun | amung kang wus kinarsèng Widi | nurbuwahingnurbuating. sarira | angganira wimbuh | ta alamun yèn sonya-a | ananing Hyang anèng kuna awal-akhir | nèng sadurunge awal ||

18. Anèng sauwise akir yayi | poma dèn-tumanêm ing wardaya | sadaya napi isbate | ingkang garwa sumungku | saha sêmbah

--- 7 : 13 ---

umatur aris | ingkang bêrkah (n)jêng tuwan | sung idayat wahyu | jasat-kawula prasasat | wus kaêntas saking sasanèng yomani | luwar saking nêraka ||

19. Amongraga sasmitèng ri kalih | Jayèngwèsthi Jayèngraga lawan | Turida Rarasatine | samya nêmbah tumungkul | aturira anor ngalap sih | kalangkung dening rahmat | wulang-paduka wus | dadya pamusthining manah | datan mèngèng sadrah pinara sakêthi | kapusthi ing wardaya ||

20. Sèh Mongraga ningali para ri | kalih pisan saha ingkang garwa | Turida Rarasatine | miwah mring sang lir madu | kanêm marang cèthi Cênthini | tranging tyas wus pitaya | kaidayat ngilmu | Sèh Mongraga tan sumêlang | pamulange ring garwa ri miwah cèthi | Cênthini wus kawilang ||

21. Samya cêcalon nugrahèng ngèlmi | sajroning desa ing Wanamarta | wowolu mukmin êkèheakèhe. | èstri gangsal tinuwuh | Tambangraras lamanlawan. Malarsih | Rarasati Turida | Cênthini kucumbu | priya Ki Bayi Panurta | lawan sira Jayèngwèsthi Jayèngraga | cêcawang ran§ Prayoginipun / cecawangan /. uliya ||

22. Mila dhusun ing Manamartèki | langkung harjanira pinardika | tan samèng desa kabèhe | saking mangunahipun | jalma luwih wolu winali | isining kang desarja | ing Wanamartèku | kasanga Sèh Amongraga | mukmin êkas sinidhikarèng desaji | karajan Wanamarta ||

23. Yata wus siyang bêdhug kang wanci | Nikèn Turida matur ing raka | myang Rarasati ature | mring kang raka sang galuh | kawularsa saos abukti§ Prayoginipun / asaos / [bila setuju 'asaos' berarti yang 'abukti' harus dibaca 'bukti']. | wanci wus têngah siyang | Sèh Mongraga nambung | yayi paran dera sabda | Ni Turida Rarasati matur aris | kawula saos dhahar ||

24. Amongraga angandika aris | apuranipun yayi kalihnya | tan kuwawa nandhang sihe | wa mêkotên ing ngriku | raka (n)dika yayi kêkalih | Jèngwèsthi Jayèngraga | aturipun nuwun | pan

--- 7 : 14 ---

taksih tuwuk duk enjingGuru lagu seharusnya: 7a, taksih tuwuk duk enjang. | kang raka ngling yayi mas lamun tan bukti | dawêg wêktu kewala ||

25. Gupuh dènnya matur nyêndikani | nulya kang raka mring pakadasan | angambil toyastutine | sadaya sigra wulu | mring patirtan sawusnya suci | samya aminggah salat | kang pra ari makmum | ing raka Sèh Amongraga | langkung jênêg rahab dènnira abêkti | maring Hyang murbèng jagad ||

26. Wus antara praptèng salamnèki | dumugi pupujianira sah | dhikir rêmpêg ririh rèrèh | atasing kalihatus | wusnya nulya donga utami | limang wêktu kataman | sukur mring Hyang Agung | lajêng sunat bakdiyatan | bakda sunat atarap wirit akiki | mutlak kaking panêmbah ||

27. Tan sulaya dènnira trap wirit | birainya brangta ing Pangeran | pan sami pasang rakite | pangguyêrira wuru | wiwarane wêrana napi | lir kuda ngrap pandêngan | sanalika luyut | layap ing pasênêtannya | mancad saking kusta daim ismu ngalim | ngalimput ahli pana ||

28. Rêntah saking palinggihan sami | tanpa kèblat labêde§ Prayoginipun / labête /. kalaban | purbaning sih nugrahane | dadya saujuripun | apan tanpa papan pon papin | tan pae paekanya | dènnya samya suhul | padhêm anèng padhêmitan | guyêngira angayêngi jroning gaib | ka-êbab kabibullah ||

29. Dangu dènnira pralinèng ngèlmi | sang kapitu mênêng kaênêngan | kang anênga ing dhèwèke | saobah osikipun | apan dadya sêmbah lan puji | puji minangka tilam | ingkang amrik arum | aworing èstri lan priya | nalikane campuh tibaning raswèki | wus jumbuh tan prabeda ||

30. Patêmune kawula lan Gusti | nèng sajroning puji jinêmira | rasa lir sujud karone | tan ana kaotipun | nir tan ana puji-pinuji | rasa-rinasa datan | asêbut-sinêbut | sêmbah-sinêmbah wus nora | lire ilang tan ana kawula Gusti | sêbab jênêng tan beda ||

--- 7 : 15 ---

31. Êlidipun pan puji-pinuji | samya rasa-rinasa bêlaka | sêmbah-sinêmbah tan pae | apan sêbut-sinêbut | sabab dening roroning tunggil | lamun datan kêlawan | sakarone bukung | cuthêl tan ana kang ana | nahan wau kang lagya jênak kang mupid | nèng jaman kanyênyêtan ||

32. Sira Ki Sèh Imam Amongragi | luwar dènnira suhul ing Suksma | sèwu napas antarane | wus wantah ing palungguh | atêpakur sukur ing Widi | miwah kanêm awirya | pan lajêng têpakur | nalangsèng tyas ing Pangeran | wus paragad dènnira sami awirit | sêgu Sèh Amongraga ||

33. Sarya sêsalaman sadayèki | wangsul (ng)yannira(ng)gyannira. wau alênggah | Amongraga lon dêlinge | (n)dawêg yayi ing ngriku | awon kèndêl samya nyênyamik | rarayapan kewala | krana Lah ing ngèlmu | kang rayi matur sandika | nulya sami sapikantuk anyênyamik | nutug dènnya dhêdharan ||

34. Wau ingkang rayi Jayèngwèsthi | lawan kang garwa Nikèn Turida | nêmbah matur pamit lèngsèr | linilan ing raka wus | samya mundur lan Jayèngragi | manêmbah wus linilan | lawan garwanipun | lèngsèr lajêng malbèng wisma | maring tilam kawayon ing ratri arip | nendra tan winursita ||

35. Yata wau ingkang tatakrami | Ki Suharja kang mêmajang wisma | rinayap kulawangsane | dèn-nyarsa ngundhuh mantu | pupulunanira Mongragi | rinowa kurmatira | dadya amêmantu | tri ari dènnya trap karya | ing sawêngi pan mawi midadarèni | asêlur wong nunumbang ||

36. Jalu èstri samya busana sri | sadintên tan kandhêg ingkang prapta | kang numbang lajêng tan mulèh | badhe samya amêthuk | ing pangantèn sang Amongragi | yata sampun ngalêmpak | bodhol èstri jalu | aprapta ing Kajèngragan | wus samêkta myang Pêngulu Basarodin | Jèngwèsthi Jayèngraga ||

37. Wusnya pêpak nulya tan asari | bodhol umangkat sang pinangantyan | gumrêdêg kang ngiringake | [...] |Kurang satu baris: 7u. santri tinon lampah ing margi | jêjêl wong kang niningal | tan ana gopipun | wis

--- 7 : 16 ---

prapta ing wismanira | Ki Suharja gupuh manggihi têtami | anèng pêndhapanira ||

38. Sang ro tama nèng pajangan mamrik | ingayap ing para èstri kathah | kang anèng pandhapa rame | têpung gêlang alungguh | sinugata pawohan sami | patehan wus warata | cinaran sadarum | samya nginang nginum medang | nulya ambêng kêndhuri majêng ing ngarsi | wus cukup ambêngira ||

39. Jawi lêbêt waradin tan kari | jalu èstri nutug dènnya nadhah | wus binage kêndhurine | sêkul pangananipun | samya kathah barêkatnèki | Ki Suharja lingira | sanakngong sadarum | mêngko wanci bakda Ngisa | prayogine samya wangsula mariki | samya dhikir Muludan ||

40. Kang liningan sadaya nanggahinyagahi. | wanci mèh surup samya mit bubar | rêbat parlu ing Mahribe | jalwèstri bubar mantuk | wênèh ana ingkang tan mulih | santri samya lajêngan | kewala ing ngriku | waktu Mahrib samya salat | kang ngimami Ki Pangulu Basarodin | kang makmum santri kathah ||

41. Sêsaking masjid natar pandhapi | Sèh Mongraga asalat nèng wisma | ngimami parèstri kabèh | gandhok kilèn (ng)gyannipun | samya rahab lêlagon puji | wus praptèng bakda Ngisa | sadaya kang wêktu | tata wangsul ing pandhapa | miwah ingkang wau mantuk sami prapti | Jèngwèsthi Jayèngraga ||

42. Lan sagarwanira datan kari | lan pra ari sakawan wus prapta | myang pra santri sadayane | wus pêpakan sadarum | santri (m)bêkta nuskah pribadi | adan lêkas salawat | singir dhikir Mulud | datan mawi tarêbangan | nulya ingkang raka (n)Jêng Kiyai Bayi | Panurta ingkang prapta ||

43. Wusnya panggih lan putra Mongragi | sakêdhap nulya mêdal ing jaba | kang alênggah samya mire | nulya lajêng anutug | dènnya samya dhikir Muludi | lik-êlikan jor-jinoran ||Lebih satu suku kata: lik êlikan jor-joran. samya arêbut sru | wong nonton arêbut papan | datan ana mêndha bosênne ningali | andon rêna niningal ||

44. Tan wun ucapên kang suka singir | kurmat nabi kita kang mustapa | nutug saruktining gawe | yata sang Amongngingkung |

--- 7 : 17 ---

sawusira bakda tangati | atêsbèh ing palilah | lan tangat tahajud | saking langgar pasamuan | tajug alit asimpar rêsik awingit | kundur Sèh Amongraga ||

45. Malbèng wisma lawan ingkang rayi | Tambangraras lan kucumbunira | Cênthini tansèng wurine | miyat ing pandhapa wus | samya bubar sêlawat dhikir | samya mantuk sadaya | kang rama wus kundur | kantun ingkang darbe wisma | Ki Suharja nèng pandhapa lawan santri | miwah rèh-rèhanira ||

46. Amongraga lajêng mring tilamrik | lan kang garwa Nikèn Tambangraras | sampun tumangkêb samire | Cênthini tansèng ngayun | mèpèt anèng waton patani | sang ro datan anêndraanendra. | mêksih mulang ngèlmu | marang garwa Tambangraras | Sèh Mongraga pangandikanira aris | yayi Nikèn wruhanta ||

47. Lamun sira anêmbah amuji | sajatining puji kawruhana | iku parlu makripate | yèn durung wruh ing ngriku | maksih tiron bae kang puji | puji tan paja-paja | sampurnaning kawruh | kang garwa matur nor raga | inggih mugi amba paduka jatèni | ing puji kang sampurna ||

48. Wruhanira sajatining puji | dudu lapal kang muni ing lesan | swara lawan kumandhange | pan unèn-unèn dudu | dene puji sajatinèki | pan iya harêpira§ Prayoginipun / karêpira /. | kang suci sumunu | pangidhangsing kirsa§ Prayoginipun / pangidhaming kêrsa /. juga | ingkang datan kajêg-kajêg iku yayi | yèn kajêg iku aral ||

49. Samangsane aral iku yayi | unine sami lan swara kewan | puji gugumyahan bae | mandhak ngèlmu têkabur | tiwas êrak gondhange salit | pujine tan sampurna | malah saya luput | lupute kang ahli tama | nora sêdya gêmbar-gêmbor amumuji | ngur turut tan kangèlan ||

50. Kang mangkono puji tanpa kardi | tan manpangat ing donya ngakerat | sabab puji awèl-awèl | iku yayi dènemut | sucèkêna karêpirèki | karêp mring kaluhuran | mardikaning tuwuh | iku

--- 7 : 18 ---

sênêting uliya | kang minangka kang jêmparing pasopati | puji kang wus muslim kak ||

51. Iya karêpira ingkang suci | iya maha suci jatineka | tunggal wujud ing dununge | puguting tingal luhung | anèng kono suhuling Widi | wadhaganing§ Prayoginipun / wadakaning /. agêsang | yèn durung sumurup | ing sajatining puji ka | kadya nora asih ing uripirèki | awèt dadya paguywan ||

52. Tambangraras sumungkêm ngabêkti | ing pada dêlamakaning priya | wus kêsanggêm jroning tyase | tan ana kang kalimput | malah maksih kirang kang wiji | tyas maksih ombèr longgar | saking gênging wahyu | tinitah wali wanita | Tambangraras rêrasan ngilmi winilis | sasmitaning uliya ||

53. Pajar gidib wayahe kang wêngi | putêr bênggala munya sauran | kêluruk ayam arame | burung swarèng pakswa rum | mrak jag-jagan nèng payon muni | èsthane lir anggugah | marang santri Subuh | katampèn sasmitaning mrak | santri samya agya ngambil toyastuti | adan ayat-ayatan ||

54. Miwah sakwèh tajug masjid-masjid | kanan kering cêlak radi têbah | samya sarênti adane | angalik-alik arum | anênangi langêning wêngi | tan ewah lawan saban | saban wêktu Subuh | mangkana Sèh Amongraga | dènnya Subuh angimami para èstri | nèng gandhok kilèn (ng)gènnya ||

55. Praptèng byar enjing bakdanirèki | samya bubar kang makmum sadaya | samya trap sasaosane | Sèh Mongraga sih jungkung | tangat Luka nêm salam nênggih | sawusira pêragad | dènnira akusud | kundur lênggah ing jêrambah | sinaosan wedang dhêdharan mawarni | Suharja nèng pandhapa ||

56. Pan ingadhêp para lurah santri | rare cilik nèng latar paguywan | dolan sakarêp-karêpe | tamburan kumarusuk | bênthik bengkat myang cirak umbris | gendhongan miwah jajan | sêga ramês pincuk | ingkang nglawatakên dara | kinêplokan myang kêkêplok gumruh atri | wus lumrah wong sadesa ||

--- 7 : 19 ---

57. Ingkang dadi kabungahan ati | suka samya nglawatakên dara | sinawangan ngang-ngang ngèng-ngèng | wus adat sabên esuk | myang wong tuwa samya ngêploki | samya toh gêgêthikan | ingkang bêblês muluk | kang bêtah anglawat mênang | kang glis mudhun darane kalah ginêthik | samya atêtandhingan ||

58. Sabên esuk kumruwuk ngêploki | jalu èstri miwah lare samya | samya ngêploki darane | kêplok-kêplok kumruwuk | barung bendrong kothèkan atri | kêkênthong agêjagan | kang mêntas anutu | kang mutêr sru agêritan | karya lênga angathok myang kang amipit | wor ramening asurak ||

59. Ki Suharja angandika aris | èh gus Menot daraku si Tawang | apa wus kok lawatake | gus Menot matur sampun | ilon nglawat kalih pun Kanji | pan ibêripun ewah | tan pati amuluk | Ki Suharja mudhun nglatar | angêploki darane uningèng wangsit | andêdêl ing ngawiyat ||

60. Yata wau ingkang raka prapti | Kyai Bayi Panurta lan putra | Jèngwèsthi Jayèngragane | saha sagarwanipun | samya (m)bêkta dhadharan enjing | Ki Bayi lon ngandika | apa sira iku | lagi angêploki dara | Ki Suharja kagyat gêpah aningali | yèn ingkang raka prapta ||

61. Lan putra Jèngwèsthi lan Jèngragi | nulya ngaturan lênggah pandhapa | klasa lampit pinêrantèn | Sèh Mongraga andulu | yèn kang rama lan ibu prapti | gupuh mijil umarak | lan kang garwa wau | praptèng ngarsa sêsalaman | nulya Nyai Suharja gupuh nyaosi | dhêdharan jing-enjingan ||

62. Ni Cênthini ingkang nglêladèni | wêwah dhêdharan babêktanira | lajêng tinatèng ngarsane | wus aglar anèng ngayun | nulya Ki Pangulu kang prapti | ingiring modinira | nèng pandhapa lungguh | lajêng atur sêsalaman | nulya Ki Panukma Panamar kang prapti | lawan Ki Kulawirya ||

63. Sagarwa bêkta dhadharan sami | praptèng pandhapa lajêng salaman | dhêdharan tinata age | kêlangkung rukunipun | among-winong dènnya samya sih | sajêg tan ana rêngat | rakiting [rakit...]

--- 7 : 20 ---

[...ing] sadulur | tulus dènnira kakadang | nadyan maring santana kulawargèki | tan ana kang kuciwa ||

64. Sadaya wong ing Wanamartèki | tan ana rêbut kastori congkrah | lulus pangupajiwane | sarta ngibadahipun | wus mangkono ahlinirèki | samya olah kamuktyan | rahayuning kalbu | pan saking mangunahira | (n)Jêng Kiyai Bayi Panurta kang mawi | numusi harjèng desa ||

65. Yata wau kang anèng pandhapi | jalu èstri royom lalênggahan | Ki Bayi lon ngandikane | marang sadayanipun | payo padha sèmèkan enjing | kang liningan agêpah | samya nadhah kêmbul | jalu èstri karoyokan | nutug dènnya anadhah ing wanci enjing | kinèn andum barêkat ||

66. Jalu èstri tan prabeda sami | barêkatan wus samya luwaran | kang adhahar sadayane | Ki Bayi ngandika rum | èh Pangulu Ki Basarodin | mungguh rêrasanira | êndi bakunipun | Ki Pangulu aturira | mangsa borong paduka kula umiring | nulya ngling mring kang putra ||

67. Inggih anakmas Sèh Amongragi | kados punapa lampahing riba | kang putra alon ature | wondene bakunipun | rapal riba punika nunggil | babaganipun karam | sami cêgahipun | pan inggih tigang prakara | kang rumiyin karam bangsa badan nênggih | lan karam bangsa lesan ||

68. Kaping tiga karam bangsa ati | dene karam ingkang bangsa badan | lamun kathah maksiyate | purun nganggeya tiru | tiru panganggene wong kapir | sasolah panganggenya | kapir kang tiniru | punika ribaning badan | kaping kalih asring karsa ngalap bukti | kang mêkruh miwah karam ||

69. Têgêg tunggal mangan lan wong kapir | sêpta aniru olah-olahan | tuwin ngèmpêr agamane | pangupajiwanipun | angundhakkên artanirèki | undhake lan bicara | tanpa dol tinuku | nadyan tuku yèn babagan | ingkang bêras tinumbas kalawan pari | sêkul tinumbas ing bras ||

70. Apan riba punika samining | ribaning lesan ingkang kadyèka | kaping tiganipun malih | ribaning tyas puniku | tyas kêsusu kêdah [kê...]

--- 7 : 21 ---

[...dah] glis-aglis | amêsthèkkên bicara | ingkang dèrèng mojud | dènnya ngambil kauntungan | pinrih mêtu saking bicaraning jangji | pamèting tyas pitênah ||

71. Dènnya mèt untung amêlarati | tuwin kang maha atilar wawrat | nêrak kang wawrat jangjine | totohan saminipun | dènnya ngambil kasil tan misil | apan rusak-rinusak | papa têmahipun | amêsthèkkên untungira | ingkang dèrèng kantênan kinarya mêsthi | melik ing kauntungan ||

72. Amèt papan tan satitahnèki | tan nêdya yu ing sasama-sama | riba tyas dening murkane | wa-makatên punika | pêpangkatan kalih prêkawis | ahli dalil akerat | lan ahli donyèku | ye kang ahli donya wênang | anglampahkên tingkah riba ing pakarti | kuwatir ing kapêsan ||

73. Ingkang ahli dalil akerati | riba cêgah malah têkèng karam | tan kenging riba kasabe | duraka ing Hyang Agung | datan antuk ganjaran akir | tan bisa ahli swarga | ngulamane wurung | malah ginantungan siksa | yèn wong karêm mangan riba ing donyèki | pan dede palalira ||

74. Ratu pandhita wus bagi-bagi | ahli donya lan ahli akerat | tingkah pae paekane | pan sanès dalilipun | ratu murba pandhita sidik | punika pan sumangga | mênggah kukusipun | Ki Bayi alon ngandika | yèn mangkono riba iku Basarodin | pasal manut ing titah ||§ Prayoginipun / manut ing tingkah /.

75. Mungguh titah sira lawan mami | nora kêna katèmpèlan riba | murungakên ing kêdadèn | beda lan maksiyat wus | titah donya melik donyèki | titah kerat melika | ing akeratipun | jawane saking wutanya | e ya Allah astagapirulah halngalim |Lebih satu suku kata: e ya Allah astagpirulah halngalim. kumêmbêng waspanira ||

76. Saking kêpasuk kêrasèng galih | dadya angumpah nutuh sarira | saiprêt kacipratane | riba rèmèh kur-ukur | kaplêtikan sukêr sathithik | pinapas tyas wus kipa | -kipa nora gêtun | katèmpèl satêngu riba | pan ingangkah pangati-atining ngarsi | kang durung kalampahan ||

--- 7 : 22 ---

77. Sadayanya ningali Ki Bayi | gumun ngungun nglulu ulatnya |§ Prayoginipun / ngêlulun /. Ki Basarodin andomble | kraos kèh kuthuhipun | kèh mangane riba pinanggih | nabda Ki Kulawirya | kang Pêngulu niku | rayat (n)dika bakyu têngah | kèn marèni angsale preyalan mêrgi | sok amakêm wilangan ||

78. Ngong angrungu wong kang adol anggris | wus lumrahe pan nêmlikur uwang | punjul patang dhuwit kèhe | winilang wongsal-wangsul | pan wus ganêp rêganing anggris | samangsa tutug ngomah | jêbul kurang ditung | kurang krotèng kurang suwang | ra-orane pêsthi kurang pitung dhuwit | pêmakême bok Basar ||

79. Basarodin anauri aris | dede kula ingkang gadhah pokal | apan tiyang èstri dhewe | (ng)gih niku (n)dika wuruk | narik marang riba binukti | Ki Suharja lon mojar | mring Sèh Mongragèku | mênggah sucining pa-jiwa | ingkang pundi kasab kang tan mutawatir | kang mampangati nêdha ||

80. Sèh Mongraga aturira aris | inggih wontên mapan ingkang wênang | linampahan utamine | tandha barang tinuku | manut mangsa mirah lan awis | rêgi (m)bêkta piyambak | sabab mangsanipun | kados titiyang anguyang | pantun samêt punapa mupakatnèki | rêgane tigas gagang ||

81. Tinandho prapta ing mangsa winih | dinol salimrahipun ing rêga | wontên piyambak rêgine | anèng mangsa ing ngriku | dados botên adamêl rêgi | ngruba gini gunika | ribaning pamuwus | wuwus yèn kèh ribanira | anumusi kang sinandhang kang binukti | dadya riba sadaya ||

82. Kang myarsakkên padhang tyasnya mami | angsal murat sucining akasab | utama linampahake | Ki Bayi manthuk-manthuk | kaluhuran sabdaning siwi | rinasa pan utama | lampahing tumuwuh | rèhning ngupaya pa-jiwa | Kyai Bayi Panurta ngandika aris | mring pra ari sêdaya ||

--- 7 : 23 ---

83. Miwah maring putranira kalih | Jayèngwèsthi lawan Jayèngraga | iku prayogane kabèh | lakonana murat iku |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / lakokna /. wong sadesa Wanamartèki | kabèh parentahana | sarèh-rèhanamu | aywa na kasab kang riba | ingkang padha suci lèhe nambut-kardi | aja na dora-cara ||

84. Sadaya matur sandika sami | katujoning manah sarjunira | ngumum ing wong desa kabèh | Ki Bayi malih muwus | payo padha bubaran mulih | anulya sêsalaman | sadaya wus mundur | samya mantuk sowang-sowang | tan cinatur yata kang amangun kardi | wau Ki Wiradhustha ||

85. Amêmajang wisma wus miranti | ambêladhah tarub tutuwuhan | rinayap sarèh-rèhane | kabèh kang buka warung | samya tugur anambut kardi | rumat ing tigang dina | karya ngundhuh mantu | siyang dalu abusêkan | kèh kang numbang sami ngangge-angge adi | adi-adining desa ||

86. Sadalu mawi midadarèni | samya jagongan langkung sêmoa | tan ana kuciwèng gawe | yata ing siyangipun | jalu èstri kang samya prapti | mêrabot sadayanya | kang badhe amêthuk | ing pangantyan ngandhap Ngasar | wusnya pêpak sadaya kang jalu èstri | bodhol mapag pangantyan ||

87. Ing Suharjan tamu wus miranti | Jayèngwèsthi Jèngraga sagarwa | Pangulu Kulawiryane | prapta kang samya mêthuk | Panukma Panamar pangarsi | wus tata ing pandhapa | kabèh wus sinuguh | kêndhuri samya kondangan | wus luwaran kêndhuri nulya binagi | wrata samya ambêrkat ||

88. Nulya Ki Panukma matur aris | amitêmbung rèhipun dinuta | nuwun sang ro pinangantèn | wusnya mangkana wau | sigra bodhol ngarak pêngantin | ngarsa santri slawatan | lampah sri dinulu | suka sakèh wong nêningal | jêjêl uyêl tan antara anèng margi | praptèng Kawiradhusthan ||

--- 7 : 24 ---

89. Nèng pandhapa wus tata alinggih | sinuguhan miwah kêndhurinya | rinumatan sadayane | jaba jro datan kantun | ramya eca samya abukti | nutug tuwuk kondangan | luwar nulya dinum | kabèh samya ambarêkat | sawusira sami pamit pan sinêling | wangsul ing bakda Ngisa ||

90. Budhal sadaya jalu lan èstri | rêbat wêktu ing Mahrib asalat | mungêl bêdhug dhêng Mahribe | santri sadaya wêktu | samya adan ramya sarênti | kanan kering araras | adat sabên wêktu | praptèng wanci bakda Ngisa | ingkang samya ingancaran sami prapti | santri badhe Muludan ||

91. Nutug dènnya salawatan dhikir | Kyai Bayi Panurta pinarak | tan cinatur sadangune | ramening dhikir Mulud | tuwin ingkang gênging kêndhuri | sawusnya samya nadhah | bubaran sadarum | yata Ki Sèh Amongraga | sawusira bakda layap tangatnèki | têsbèh tahayudira ||tahajudira.

92. Kundur marang ing wisma jinêmrik | lan kang garwa Nikèn Tambangraras | Cênthini nèng jawi langse | tumangkêp samiripun | ni bok Wiradhustha wus mijil | wor nendra lan kang raka | nèng pandhapanipun | dinuga sang pinangantyan | anèng tilam sacarêm karsikan ring tis | kang cêlak ginusahan ||

93. Namung kantun sawiji Cênthini | kori jêrambah wus tinutupan | maklum sasmitèng pangantèn | kang anèng tilam arum | Tambangraras lan Amongragi | datan adat anendra | dèrèng wêktunipun | kang raka aris ngandika | pyarsakêna mungguh ngamale ngaurip | apan patang prakara ||

94. Patang prakara puniku mijil | iya ing dalêm sawiji iman | kawruhana satuhune | wal ngamal karijatun | wabil sarengati imani | yayi karya-a sira | ngamale kang parlu | ngamal sarengating iman | ing lakune salat sujud rukuk yayi | jakate pan sidhêkah ||

95. Tapane sarengat iku yayi | pan puasa ing wulan Ramêlan | dene yayi kapindhone | kang lapal wal ngamalu | karijatun bil tarekati | imani akarya-a | ngamal kang wajibu | ngamal tarekat ing iman | ing lakune amuji maring Hyang Widi | jakate jrih ing Allah ||

--- 7 : 25 ---

96. Tapane tarekat iku yayi | pan têpakur ing dalu lan siyang | de yayi kaping têlune | wal ngamal karijatun | wabil hakekati imani | yayi karya-angamalkaryaa ngamal. | kang utamèng tuwuh | ngamal hakekating iman | lakunipun asih suhul ing Hyang Widi | jakate tan pepeka ||

97. Tapane hakekat nora milih | ping pat wal ngamalu karijatun | bil makripati imane | akarya-a sirèku | ngamal ingkang sampurnèng ngurip | ngamal makripat iman | dene lampahipun | angujilat maring Pangeran |Lebih satu suku kata: ngujilat maring Pangeran. kajatipun pan sokur maring Hyang Widi | tapa tan ngroro tingal ||

98. Yèku yayi ngamale kang silih§ Prayoginipun / kang salih /. | karanane yèku kêkandhangan | ing waliolah makame | poma kang titis kalbu | aywa mamang sirèng pangaksi | yèn tyasira wus nyungap | kang sarèh ywa susu | supaya yayi wahyunta | lan panglawêdira marang rasa jati | jatining kanyataan ||

99. Ingkang garwa wus pratamèng tampi | anampèni sasmitaning raka | tan cawêngah saciptane | lir galêpung jinuruh | pan ingolah ngalamat manis | mung kurang sadungkapan | pan dèrèng kinukus | matêng lawan ginênènan | Tambangraras rarase wus ngrêspatèni | tinunggu gama mulya ||

100. Wus mêrtêlu wayahe kang wêngi | pêksi sikatan munya susitan | sabawèng bêkisar kate | tutuhu ngantu-antu | asauran lan pêksi kolik | sêmune lir anggugah | tangiya wis bangun | padha ngabêktiya ing Hyang | barung munya pêksingon lir angrêmbugi | panggugahing sêmbahyang ||

101. Tumulya na sabawaning santri | ragi têbih adan lamat-lamat | landhung lir suling swarane | anganyut nganyut-anyut | wontên malih adan nauri | siji loro anulya tri |Lebih satu suku kata: siji loro nulya tri. lir sawung kaluruk | wus adat ing Wanamarta | sabên wêktu Mahrib Subuh ting karêlik | dadya srining desarja ||

102. Tan wus ucapên wêktuning santri | pajar gidib gya pajar sidik

--- 7 : 26 ---

byar | bakdane Subuh sakèhe | pan kathah langênipun | adat enjing kamuktènèki | sira Sèh Amongraga | tangatira kasud | sawusira bakda Luka | pan wus linggar saking langgar lan garwèki | kundur malbèng ing wisma ||

103. Wiradhustha lênggah nèng pêndhapi | wus miranti saos palinggihan | uningèng sabên rakite | miwah saosanipun | papateyan myang wedang kopi | dhêdharan (n)jing-enjingan | acêcadhang tamu | nulya ingkang rayi prapta | Ki Panukma Panamar Kulawiryèki | sagarwa bêkta dharan ||

104. Nulya Ki Pangulu Basarodin | sarêng prapta lawan Ki Suharja | sarayat ngirit dhulange | praptèng pandhapa lingguh | ni-bok Wiradhustha nampèni | lajêng tinatèng ngarsa | aglar mawarna wus | tan dangu Kyai prapta | garwa putra Jayèngwèsthi Jayèngragi | samya (m)bêktèng dhulangan ||

105. Mudhun sadaya ingkang alinggih | Amongraga mijil lan kang garwa | marêk ing rama praptane | wus kinèn sami lungguh | gupruk ingkang kinèn alinggih | samya asasalaman | sadaya tap ngayun | Ki Bayi alon ngandika | payo padha bêbacutan bae bukti | abancakan kewala ||

106. Kaya sabên barêng jalu èstri | Cênthini lan Sumbaling wasisan | kabèh kono lan bok-ipe | bêcik padha akêmbul | kowe sisan pra lurah santri | Luci Nuripin sira | ing kono kang têpung | têpunge lan Jamil Jamal | pan aenak padha krana Lah abukti | payo lêkas Bismilah ||

107. Kang liningan gupuh samya wanting | adan lêkas sasarêngan nadhah | royom samya pakolihe | parèstri sukèng kalbu | nêmbe wor lan jalu abukti | kalangkung amirasa | pan sami pikantuk | anutug dènnira nadhah | samya buruh ngumbah tangan awêwanting | ambêng kinèn dum bêrkat ||

108. Wus waradin didum jalu èstri | nulya dhêdharan lumadyèng ngarsa | pamangsêg sapikantuke | anyênyamikan tuwuk | wusnya nutug kinèn ambagi | pan waradin sadaya | sami pandumipun | Ki Bayi alon ngandika | (m)buh kang mawa wong tuwa baya iki |Kurang satu suku kata: (m)buh kang mawa uwong tuwa baya iki. esuk kudu amangan ||

--- 7 : 27 ---

109. Wuwuh royoman mundhak pakolih | kacèk lan takêrku saban-saban | Ki Pangulu nambung ture | inggih sayêktosipun | tiyang sêpuh tan bêtah ngêlih | sanès duk sih nènèman | sangêt kaotipun | Ki Bayi angling ya talah | kang wus lumrah yèn sira tan pati salin | adrêmba biyèn mula ||

110. Gêr gumuyu sarêng jalu èstri | Ki Kulawirya ngling latah-latah | kang Pangulu katujune | sêdyane arêp umuk | dhèk ênome bêtah tan bukti | pati-gêni rong wulan | ambisu sataun | nuli kèh prawan kedanan | teplak-teplok Ki Bayi gumujêng angling | lah ya iku dhèk kapan ||

111. Bobote pasa prêlu sasasi | durung nutug sadina-dina-a | sok pasa Ngasar sajêge | ing saiki ta êmbuh | mênèk bisa nutug saari | matur mênawi kula | sampun pancènipun | myat tiyang bêtah ing lapa | apan inggih sangêt (ng)gènkula kapengin | nanging tan kadurusan ||

112. Kenthol Kulawirya amêstani | bêtah pati-gêni kalih wulan | lah punapa botên jidhèt | tan mangan kalih têngsutèngsu. | ginaguyu kang sami linggih | Ki Bayi lon ngandika | kadospundinipun | anak mas Sèh Amongraga | mênggah tiyang siyam Ramêlan puniki | sahipun kang punapa ||

113. Amongraga aturira aris | babing siyam tan kenging winastan | tri prakawis ing Kadise | kang dhihin siyamipun | mukmin êngam liripun nênggih | siyamipun makruhan | purun udud susur | adus wuwung kadhang nginang | kêmu tilêm sumawana êsak sêrik | dèntên (ng)gènnipun buka ||

114. Sasurupe srêngenge abukti | lamun saur purun wêktu pajar | yèn dèrèng mêdal srêngenge | pan maksih purun saur | limrahipun mukmin ngam sami | siyamipun kadyèka | kaping kalihipun | mukmin kas dènnya asiyam | datan arsa kalêbêtan kang makruhi | binatalkên sadaya ||

115. Sinucèkkên siyame saari | udud susur nginang apan batal | adus tilêm kêkêmune | nadyan ngising anguyuh | sumawana ingkang sak sêrik | mimikul mukul batal | marma ngising

--- 7 : 28 ---

nguyuh | cewoke kang mawa batal | sabab toya manjinge marang jopnèki | punika batalira ||

116. Lamun buka yèn ta dèrèng manjing | wêktu Ngisa icale sirat bang | tan purun buka myang ngombe | maksih siyang kumipun | barang mêkruh dipun-kawruhi | kados ta yèn wontêna | tiyang cukil untu | sogok untu kinêcapan | lan anggugud lingsaning tuma sawiji | sami lan mangan sêga ||

117. Lamun saur wanci maro ratri | têngah dalu yèn wus babêdhugan | tan purun saur sababe | wus siyang kukumipun | dènnya siyam duk maksih ratri | wus limrah pra mukmin kas | siyame kadyèku | kaping tiga mukmin kawas | dènnya siyam tan batal tan mêkruh tuwin | tan buka saur pisan ||

118. Siyam ing dalêm tridasa ari | buka ing tanggal sapisan Sawal | pan makatên ing siyame | mukmin kawas linuhung | pan sumanggèng kêrsa (n)Jêng Kyai | pundi ingkang tinelat | -akên siyamipun | Ki Bayi padhang tyasira | amyarsakkên kang putra dènnya muradi | sucine ing Ramêlan ||

119. Kyai Bayi Panurta ngling aris | padha rasakêna kono sira | pira-bara ing kawase | lagi kas lan ngamipun | sidhang-siring kewala pinrih | samya sumanggèng karsa | kawula tumutur | angandika mring kang putra | Sèh Mongraga matur punika manawi | kadugi linampahan ||

120. Supaya mrih êkas sawatawis | siyamipun ing dalêm sasiyang | ingatos-atos êkase | aywa purun ing mêkruh | sasamine kang mutawatir | kandhangan badhe batal | sabab maha mêkruh | ingkang ngam ngamal kewala | mila kêdah êkas puwasa saari | mung siyange kewala ||

121. Dene dalunipun tan mangêni | anganggeya tabiyate êngam | yèn buka surup srêngenge | yèn ta puruna saur | wanci enjing ing pajar gidib | dèrèng mêdal kang surya | taksih kenging saur | ing dalu botên rinaksa | namung siyangipun dipun ati-ati |§ Kakathahên sawanda, mila prayoginipun / dipun ti-ati / [sudah benar: namung siyangipun dipun ati-ati:12a]. supaya dadya êkas ||

--- 7 : 29 ---

122. Samya padhang sadaya tyasnèki | Kyai Bayi Panurta lingira | murad iku samajade | kuwat sêdya pinêsu | anucèkkên siyamirèki | dadya tan bèrèt beya | wus kangèlan wurung | emanên rêkasanira | kang liningan suka sukur anglampahi | pinrih agama mulya ||

123. Tuwin parèstri kang samya myarsi | sinatmatan mring pra priyanira | pirêna tan nêdya mèngèng | sêdya manut ing kakung | Ki Panurta ngandika malih | payo sêdhêng bubaran | ing rêmbug wus kusus | padha sêdya-a tumandang | pan utama tokit maring Dalil Kadis | anulya sasalaman ||

124. Sawusira wau Kyai Bayi | lajêng kundur mulih sowang-sowang | tan winuwus ing solahe | yata kang ngundhuh mantu | Ki Panukma amangun kardi | tan pae lan kang raka | dènnya pasang tarub | kèh kang numbang myang rèrèyan | ing wong jagal langlan. sakèhe ingkang prapti | badhe mapag pangantyan ||

125. Wusnya pêpak bodhol sadayèki | jalu èstri prapta Wiradhusthan | wus miranti lir sabêne | umangkat tan asantun | pan ingarak asri nèng margi | prapta ing wismanira | Panukma asugun | sugatan wus rinumatan | wusnya rampung dènnira ngingon-ingoni | mèh Mahrib abubaran ||

126. Samya rêbut ing wêktu Mahêrib | santri adan santri ing sadesa | kalangkung asri swarane | praptèng bakda Ngisa wus | ingkang sami kinèn abali | samya dhatêng sadaya | lir sabên kang rawuh | (n)Jêng Kyai Bayi Panurta | wus nèng ngriki lan garwa myang putra kalih | arahab sêlawatan ||

127. Nutug dènnya sukur kurmatnèki | samuwaning kêndhuri wus pragat | lingsir dalu ing bubare | yata ingkang nèng tajug | Sèh Mongraga garwa kucumbi | sabakdanirèng tangat | têsbèh lan tahajud | lajêng kundur maring wisma | lan kang garwa Tambangraras tumamèng ing | tilamsari nginêban ||

128. Sang ro langkung asihirèng krami | Sèh Mongraga tansah mulang garwa | manis arum andikane | yayi ki ana kawruh | ing aurip parlu ngawruhi | panjinge agamèslam | pan sawêlas wuwus | parlu daim saprakara | ping ro niyat daim ping tri sahdat

--- 7 : 30 ---

daim | ngèlmu daim kaping pat ||

129. Kaping lima yayi salat daim | kaping ênêm makripat daimnya | tokid daim kapitune | iman daim ping wolu | junun daim ping sanganèki | sêkarat daim dasa | pati daim uwus | jangkêp sawêlas prakara | lire basa daim pêrlu iku yayi | kang tansah elingira ||

130. Mring Hyang Agung dene niyat daim | ingkang tansah asihira mring Hyang | kang salat daim têgêse | ingkang tansah angêgung | mring Hyang dene kang ngèlmu daim | kang tansah maklumira | mring Hyang Kang Maha Gung | sadadsahdat. daim têgêsira | ingkang tansah paworira mring Hyang Widi | makripat daim lirnya ||

131. Ingkang tansah pandêngirèng Widi | tokid daim têgêse kang tansah | antêpira mring Hyang dene | iman daim liripun | ingkang tansah madhêp Hyang Widi | junun daim têgênyatêgênya. | kang tansah cêngêngmu | maring Hyang Kang Maha Mulya | lsakarat daim kang tansah panrimèki |Lebih satu suku kata: Iskarat daim kang tansah panrimèki. sira maring Hyang Suksma ||

132. Pati daim têgêsipun yayi | ingkang tansah nikmatira marang | Hyang Agung kang karya kabèh | poma yayi puniku | prabot gêdhong mutyara adi | malige pasênêtan | -nira Hyang Maha Gung | sira Nikèn Tambangraras | atur sêmbah maring raka anuwun sih | kaikêt kakekat tyas ||

133. Wanci bangun sêdhêng angin ngidid | pajar gidib asri kang swabawa | pêksi wana lan ingonne | sabên esuk wit bangun | wong sadesa dènnira tangi | kathah kang kapiyarsa | santri adan Subuh | ting karêlik tanpa rungwan | Sèh Mongraga Subuh ngimami parèstri | pinarnah kadya saban ||

134. Anèng gandhok kilèn pinaranti | praptèng bakda Subuh byar atangat | sawusing bakda Lukane | milu lan garwanipun | nèng pandhapa lan paman linggih | angrukti bok Panukma | sêsaosanipun | dhêdharan enjing-enjingan | gya Pangulu Ki Bayi Panurta prapti | para ri garwa putra ||

--- 7 : 31 ---

135. Samyambêkta kadi sabanèki | bucu kupat lêgandha dhêdharan | wus tata palungguhane | dharan tinatèng ngayun | Kyai Bayi ngandika aris | sarwi nyarakkên wedang | myang dhêdharanipun | nulya samya nyênyamikan | jalu èstri nulya angandika malih | anakmas Sèh Mongraga ||

136. Mênggah rukuning Islam puniki | kadi punapa utamanira | linampahan supayane | ywa galat ing tumuwuh | Sèh Mongraga umatur aris | utaminipun ingkang | Islam rukunipun | liripun gangsal prakara | sadat salat jakat apuwasa kaji | apan parlu sadaya ||

137. Kang rumiyin ngagêsang puniki | parlu angucap kalimah sadad | kawan prakawis parlune | sidik lan takrimipun | kurmat lawan tilawat nênggih | sidik ngawruhi marang | Pangeran Kang Agung | kang (n)dadèkkên sadayanta | lan naksèni Jêng Nabi kita puniki | têtêp utusaning Hyang ||

138. Takrim tumêmên maring Hyang Widi | tan nêdya mungkir ing dalilulah | kurmat maha-sucèkake | maring Hyang Maha Luhur | tilawat mumule Hyang Widi | ping kalih parlu salat | ngagêsang puniku | kêdah nêmbah ing Hyang Suksma | kang rumangsa tinitah kita puniki | kinarya badallolah ||

139. Kaping tiga pêrlu jakat nênggih | sung sidhêkah mring pêkir kasiyan | pitrah sarta lan jakate | kang manjing ngisabipun | lamun jêne wawrat satail | ngisabipun ing jakat | wrat kawan sêkèku | dadya pangumbahing kasab | samya suci kang sinandhang kang binukti | tan wontên kang sumêlang ||

140. Ping pat pêrlu ngaurip puniki | siyam ing dalêm wulan Ramêlan | ingkang amuklis siyame | tan batal datan makruh | mêrtandhani utamèng urip | pangrusake kang hawa | luamah ati dur | mila pinrih asiyamnya | kaping gangsal apan pêrlu minggah kaji | mring Mêkah kang kuwasa ||

141. Gangsal pêrkara kuwasanèki | kang dhingin wus kêncêng niyatira | ping ro kuwasa sangune | sangu binakta laku | wontên sinungakên ing rabi | ping tiganipun angsal | idining sang

--- 7 : 32 ---

ratu | ping pat idining gurunya | kaping gangsal wèh têrang talak mring rabi | lila palakinira ||

142. Tan anambang mring rabinirèki | pan punika rukunipun Islam | gendhong-ginindhongginendhong. lakune | sadaya sukèng kalbu | Kyai Bayi gumujêng angling | ngèlmu rukuning Islam | tan wuwus-winuwus | nanging durung padhang pisan | lagi kiye murad datan sumêlangi | utama sinantosan ||

143. Lah wis payo padha sèmèk bukti | kaya sabên bae karoyokan | nulya tinata ambênge | pinire dharanipun | wus akêpung golonganèki | lah wus mara bismillah | sigra sami wisuh | adan lêkas samya nadhah | nutug sami pikantuk dènnira bukti | sawusnya cinarikan ||

144. Mamangsêgan dhêdharan binagi | waradin jalu èstri ambrêkat | Ki Bayi lon ngandikane | sêdhêng bubaran mundur | sêsalaman wus samya mulih | tan ucapên solahnya | yata kang winuwus | kang lagya amangku karya | Ki Panamar rinayap rèrèyanèki | wong tandha tugur karya ||

145. Kèh kang numbang prapta jalu èstri | tan prabeda lan kang raka-raka | dènyarsa ngundhuh mantune | nalika wus ngalumpuk | ingkang badhe mapag pêngantin | ing wanci bakda Ngasar | dènnya samya mêthuk | nulya prapta ing Panukman | wus miranti têtamu kadang myang siwi | têpung penuh pandhapa ||

146. Wusnya sinugatan sadayèki | rampung ing kêndhuri binrêkatan | sigra bodhol sadayane | rame slawatanipun | langkung langên dinulwèng margi | prapta ing Panamaran | busêkan abikut | tamu wus tata alênggah | sinugata pawohan wedang waradin | sarta kêndhurinira ||

147. Rame dènnira nadhah pra santri | nutug nulya ambêng binrêkatan | jaba jro wus rumat kabèh | nulya bubaran mantuk | pan kasusu surup mèh Mahrib | kang pandam sinumêtan | abra ting pêlancur | santri nulya minggah salat | wêktu Mahrib kèh kang adan ngalik-alik | ramya sri dènnya salat ||

--- 7 : 33 ---

148. Wusing bakda Ngisa para santri | kang winêling wangsul sadayanya | tan ewah kadya sabênne | samya dhikir Maulud | langkung rahab akurmatnèki§ Prayoginipun / akurmat nabi /. | nutug dènnya singiran | myang kêndhurinipun | wus prapta singir sêlawat | gya rinumat pikantuk dènnira bukti | luwaran binrêkatan ||

149. Sawusira nulya bubar mulih | ingkang kantun mung rèh-rèhanira | angrêksa ing dandanane | yata kang anèng tajug | sawusira tangat ing ratri | têsbèh tahajudira | kundur mring wismèku | lajêng tumamèng jro tilam | lan kang garwa myang Cênthini datan kari | nèng sajawining gobah ||

150. Sèh Mongraga angandika aris | marang garwa Nikèn Tambangraras | yayi kawruhana kiye | ingkang garwa umatur | pan sumangga tuwan paring sih | ya yayi pirsakêna | kang tumanêm kalbu | karana kang ahli rasa | ing rêrasan ngilmu kalangkung arungsit | tan kêna kêcorok tyas ||

151. Sampurnane sêmbah lawan puji | tan andulu mungguh ananing Hyang | tan dinulu ing anane | papan tulis wus lêbur | sipating ro tan ana kari | mung mantêp ananira | apa kang dèndulu | pan nora na paran-paran | iya iku yogya kawruhana yayi | sampurnaning panêmbah ||

152. Lamun maksih anêmbah amuji | kawruh iku pan lagya satêngah | durung tumêka kawruhe | aywa gupuh gumuyu | lamun dèrèng wêruh ing jati | aja rêna winêjang | ing warah lan wuruk | pan iki maksih rêrasan | sajatine kang mari nêmbah amuji | lawan kêdaling lesan ||

153. Namung ênêngira ingkang dadi | lire ênêng ywa dadi tuladan | mring Dalil Kadis kuduse | miwah tuturing guru | guru iku mung mumucuki | tan nguwisi lalakyan | sabab iku dudu | ingkang ingaranan dhalang | dede dhalang anguwisi ing sajati | thok thil ing dhawakira ||

--- 7 : 34 ---

154. InkangIngkang. gawe lêlakon pribadi | pocapane luruh lan dugangan | lan jalwèstri ya dhèwèke | dhalang lan ringgitipun | apan mêksih tarik-tinarik | wayang manut ing dhalang | solah bawanipun | dhêdhalang manut ing wayang | prantandhanepratandhane. buta tan muni Srikandhi | maksih roroning tunggal ||

155. Durung sampurnaning sêmbah puji | sabab maksih korup swara rupa | dadya kadho mring karone | saiki apa iku | keron budi ing isbat napi | isbat upama wayang | nadhi§ Prayoginipun / napi /. dhalangipun | yèku sih kuwasaning Hyang | durung jati kang sajati-jatinèki | tan ana jatineka ||

156. Iku luwih bangêt gawatnèki | ing rêrasan tan kênèng rinasa | tan kêna ginurokake | yèku yayi dèn rampung | ênêng ênêngira kang êning | sungapaning lautan | tanpa têpinipun | pêlayaran ing kasidan | anèng sira dhewe tan lyan iku yayi | ênêng êning wardaya ||

157. Tambangraras ngaras padèng laki | saha sêmbah umatur ing raka | mugyantuka pangèstune | sih tuwan kang kasuhun | kang tumanêm ing iman mupti | sêngsêm sumungkêm ing tyas | kawula tuwajuh | ing donya praptèng akerat | datan mèngèng kang dasih tur pati urip | lêbura nèng padanta ||

158. Payo yayi ngambil toyastuti | myarsa wangsiting putêr bênggala | wus akir bangun wayahe | sêdhêng awêktu Subuh | mupung awal amrih utami | wau ta sang ro nulya | mijil lan kucumbu | mring patirtan samya kadas | lajêng maring gandhok adan angimami | parèstri sadayanya ||

159. Nulya kathah sabawaning santri | ingkang sami adan ngalik-alik | miwah sadesa langêne | kapyarsa mawèh rungrum | datan ewah srining desadi | Subuh praptèng bakda byar | mangkana sang bagus | sawusira bakda Luka | lajêng mijil mring pandhapa lan kang rayi | lênggah lawan kang mapan ||paman.

160. Ni (m)bok Panamar gupuh nyaosi | patèyan myang dharan jing-enjingan | Cênthini kang ngladèkake | tan dangu ingkang

--- 7 : 35 ---

rawuh | para kadang lan Kyai Bayi | Pangulu lan pra putra | sarêng praptanipun | sadaya wus sasalaman | tata lênggah sagotra jalu lan èstri | Ki Bayi angandika ||

161. Mring kang putra kalih myang pra ari | priye kono padha rinasakna | Daliling Kur'an lapale | kulu sèin wad-hahu | durung olih muratmurad. kang ramping | putra ri sadayanya | tumungkul mabukuh | sumangga karsa paduka | pan kawula dèrèng kadugi muradi | manawi kasêlayan ||

162. Ngandika ris ring putra Mongragi | prayogi minuradan anakmas | Sèh Mongraga lon ature | punika miradipun | kulu sèin wad-hahu nênggih | ing pangandikaning Hyang | kang wus tinartamtu | têtêping Hyang pinardika | datan singgan-singgunsigan-sigun. sakèhing dumadi | tan karya pêjah gêsang ||

163. Tan kêrsa (m)bagi ingkang dumadi | tan angganjar nugraha lan siksa | datan ngowahi sakèhe | ing dalêm pancènipun | tan ngêlongi datan muwuhi | wus rampung ing sapisan | tan kapindho kang wus | tan sakuthu ing asya-a | yèn ta lamun ing papêsthèn ngaping kalih | tan têrang tuwajehan ||

164. Sabab Dalil lapal kulu sèin | wajêhahu têntrêm ing babagan | ing dalêm nèng papêsthène | sêkuthu tan sêkuthu | ing kawula kalawan Gusti | tan kumpul datan pisah | sigêg nalaripun | wontên ing raos piyambak | nalirahe paworing kawula Gusti | wontên piyambakira ||

165. Samya ngalulun tyasira wêning | myarsakakên ing Dalil muratnya | suka sukur têrang tyase | Ki Bayi lon amuwus | durung ana murad kang ramping | pra ngulama rêrasan | kaya durung tutug | saiki wus manggih padhang | ing murade kakangira Amongragi | samya nuwun sadaya ||

166. Angling malih payo padha bukti | sêsèmèkan ran wus manggih murad | kang samya liningan age | nulya sarêng tuturuh | adan lêkas kêmbul abukti | nutug dènnya anadhah | wus luwaran dinum | tinundha bukti mangsêgan | sapikantuk nyênyamikan gya binagi | wusnya nulya bubaran ||

--- 7 : 36 ---

167. Tan cinatur kang samya amulih | yata ingkang lagya majang wisma | kang badhe ngundhuh mantune | jor-jinor rakitipun | apan tonjok-tinonjok sami | ingkang numbang akathah | ing tiyang sadhusun | nadyan pêrapatingparêpating. desa | ingulêman kanan kering samya prapti | martamu samya numbang ||

168. Anglangkungi ing§ Prayoginipun / kang /. raka ing kardi | rakiting tarub panjang tuwuhan | rinayap sarèhrèhane | wong tandha kang atugur | apan samya wong sugih-sugih | dhasar Ki Kulawirya | pêradhah bèr kalbu | anutug rêrekanira | dènnya mantu mèh mirib raka (n)Jêng Kyai | traping wong nambut-karya ||

169. Myang pra tamu ingkang samya prapti | samya berag mêrabot asinang | nganggo-anggo saduwèke | samya amubra-mubru | duk ing ratri midadarèni | akathah ingkang prapta | Jèngraga martamu | mawi gamêlan lirihan | ginêndhengan Sênu Surat dènnya linggih | wurine Jayèngraga ||

170. Sagêndhingan edhang gênti-gênti | gus Suratin gêndhing pathêt sanga | Gambirsawit lan Ladrange | Lompong-kèli kalulun | sinung gêndhing manyura wasis | Genjong-goling aniba | Ginonjing ngajab kung | swara rum mrit muluh rêmak | apupunton lan swaraning rêbab mulih | nganyut-anyut mêdhot tyas ||

171. Kulawirya bisa trap kamuktin | karya wiraga mring wong jagongan | myang santri samya brêgènggèng | myarsa gamêlan arum | wong pangliking gêndhing amanis | sambada rekanira | alangên dinulu | kayungyun kang wong ningali | myat rakiting pajangan tulyendah asri | myang sinang ing pandhapa ||

172. Pandam sèwu warananing kori | pinalêngkung binakan calupak | pandhapa kanan keringe | sabên sasakanipun | tutuwuhan pandam arapit | myang pandaming daluwang | rinujit bang wungu | samya winayang putêran | anèng tarub mrapit ngubêngi pandhapi | tan wun ingucapêna ||

173. Sakenjing mila kathah kang prapti | samya numbang pan lajêng ngalêmpak | kang badhe mapag pangantèn | dangu pan wus ngalumpuk | jalu èstri pan sampun mranti | ing wanci

--- 7 : 37 ---

ngandhap Asar | kinèn umangkat wus | jalu èstri sadayanya | praptèng Panamaran tamu wus mêpêki | tata anèng pandhapa ||

174. Sinunggata sadaya waradin | sawusira ambêng binrêkatan | anulya sang pinangantèn | umangkat kang sadarum | arantapan asrining margi | santri kang salawatan | lumampah asêlur | myang kang bêkta kêmbar-mayang | nulya prapta ing Kulawiryan arakit | kurmate sinamoha ||

175. Saking jêrambah dumugi konikori. | ginêlaran kêlasa lus pêthak | sinawur sêkar campure | Kulawirya amêthuk | anèng kori ngirit pangantin | lajêng tumamèng wisma | sadaya wus lungguh | atêpung anèng pandhapa | sinugatan pawohan patèyanèki | samya awêwedangan ||

176. Nulya kêndhuri lumadyèng ngarsi | wradin jalu èstri myang urakan | wus cinaran sadayane | nutug pênadhahipun | santri cilik rêbat kêndhuri | sabên-sabên mangkana | santri bocah rusuh | wus luwaran ambêngira | binrêkatan kabèh samya nuli pamit | mantuk rêbat wêktunya ||

177. Wus winêling bakda Ngisa bali | antara prapta bakda Ngisanya | samya prapta sadayane | wus samya tata lungguh | Kyai Bayi Panurta prapti | Jèngwèsthi Jayèngraga | myang Kyai Pangulu | pêpakan kang para kadang | nulya lêkas ramya sêlawatan dhikir | Maulud langkung rahab ||

178. Nutug dènnira akurmat Nabi | antara praptèng singir sêlawat | wus rinumat kêndhurine | anadhah sadaya wus | ambêngan gêng nulya binagi | pêragat samya brêkat | samya bubar mantuk | yata Ki Sèh Amongraga | sawusira bakda tangat tahjud tasbih | nèng langgar panêpènan ||

179. Kundur maring wisma lan kang rayi | lajêng tumamèng ing tilam raras | Cênthini nèng jawi langse | tumangkêp samiripun | kang parèstri mijil mring jawi | samya maklum pangantyan | manawa mong lulut | dinuga wus kacarêman | tan wruh lamun dèrèng kêtarasan ing sih | mêksih jêjaka kênya ||

--- 7 : 38 ---

180. Sèh Mongraga nêng jroning tilamrik | lan kang garwa Nikèn Tambangraras | Sèh mongraga lon dêlinge | yayi pyarsaknèng wuwus | patitising layape wirid | apan tigang prakara | yayi kang karuhun | layaping dat lawan sipat | de layaping apngal jangkêp tri prakawis | dene laping kang Êdat ||§ Prayoginipun / dene layape ing dat /.

181. Datan ana ing ananirèki | tan ngrasa darbe solah priyangga | tansah kapurbèng solahe | solahe sang Maha Gung | tan sêkuthu marang pribadi | dene layaping sipat | tan ana ripipun | uripe tansah ing Suksma | tan ana kang kuwat urip puniki |Kurang satu suku kata: datan ana kang kuwat urip puniki. namung kalawan ing Hyang ||

182. Napon layaping apêngal yayi | tan rumangsa ing panggawenira | kula tan na ihtiyare | tan wun pamilihipun | pan tan ana osik sirnèki | kumambang ing priyangga | mung Hyang Kang Murba Gung | yayi ing têlung prakara | iku ingkang rampung sanalikanèki | purnanên blas sakala ||

183. Ngandikane Waliulah mupti | sapa wonge anêmbah ing asma | tan dèn kawruhi maknane | dadi kapir puniku | lamun tan wruh ing maknanèki | makna iku kang nyata | musamaranipun | kang nêmbah ya kang sinêmbah | wong kang nêmbah ing makna tan dèn kawruhi | mring asma iku kopar ||

184. Sabab nora wruh kang dèn aranni | krana asma iku sajatinya | asma wajibul-wujude | kang nyata maknanipun | dadi wajib kita ngawruhi | lair batin ya batal | batale yèn lumuh | wus tan kêna tininggala | asma lawan maknane tan kêna kari | sing sapa wruh ing makna ||

185. Lawan asma kang kak dèn kawruhi | iku mukmin êkas kang sampurna | ngawruhi lair batine | jênênge êning iku | ati suci tan ngaro pikir | jênênge lair ika | sucining pamuwus | yèku ran iman sahadad | wong kang wus wruh ing asma lan makna yayi | mukmin ngarip kang kusna ||

--- 7 : 39 ---

186. Panglêburan ing papan lan tulis | bisa amrat tulis anèng papan | bisa nganggo sakarone | myang salah sijinipun | bisa nirnakakên ing kalih | wruh sajatining tunggal | wruh jatining suwung | êsir pan jatining tunggal | sajatining suwung pêsthi ananèki | anane tan kinarya ||

187. Tan wiwitan tan wêkasan pasthi | datan mamak datan kasatmata | pan ana anane dhewe | anèng ênêngirèku | ênêng ingkang mardika suci | dene jatining tunggal | sirna kalihipun | kula Gusti§ Prayoginipun / kwula Gusti /. tan kawêdhar | datan kêna dinuga kalawan ati | tan kêna kinaya-pa ||

188. Roro iku sira lan sirèki | ing atunggal muhung dhawakira | iku patitis layape | yayi layap puniku | rong prakara jamaning nênggih | dhingin jaman adhakan | kaping kalihipun | layap jaman kaelokan | ingkang layap jaman adhakan puniki | alayap wong anendra ||

189. Lagya lêse kala durung ngimpi | ping ro layap jaman kaelokan | layape wong pana salèh | kalanira asuhul | kudu turu pra sanak pati | iku tunggal babagan | sami nikmatipun | yèku yayi dènkadriya | Tambangraras cumêplong tyasira wêning | winêjang ingkang raka ||

190. Miwah cèthi Cênthini adêling | kacathêtan panjuming wardaya | dènnya myarsakkên anungge | yata wus gagat bangun | sinasmitan sikatan muni | mijil mring pawarihan | ngambil toya wulu | lan garwa kucumbunira | wusnya suci Sèh Mongraga angimami | nèng gandhok pra wanudya ||

191. Barung santri samya dan sarênti | agalikan umyang ing sadesa | asri ing sabên Subuhe | Mongraga dènnya wêktu | sabên Subuh wêwacannèki | wusing PakekahPatekah. surat | Sujada asujud | kang akir pan surat Kasar§ = Al-Kautsar. | dangu dêgge parèstri kang makmum sami | karênan tyasnya rahab ||

192. Kang rêkangat mawi dènsujudi | samya cipta anèh lan pra imam | sadaya tan kadya kiye | rasa-rasa yèn uwus | kanikmatan [kanikmat...]

--- 7 : 40 ---

[...an] kang makmum sami | swara ngalêp ngumandhang | ulêm manis arum | miwah ing tawajuhing tyas | kang parèstri sadaya awêdi asih | mring Mongraga ngulama ||

193. Bakda Subuh sidik ing byar enjing | bubar kang makmum nyandhak pakaryan | Mongraga lajêng lakune | sawusira akasud | mijil mring pandhapa sarimbit | alênggah lan kang paman | kang bibi abikut | saos dhêdharan enjingan | lan Cênthini angladèni anèng ngarsi | dharan asri mawarna ||

194. Nulya para kadang ingkang prapti | Ki Suharja lawan Wiradhustha | Panukma lan Panamar-e | sarêng dènira rawuh | pan sêrayat lir sabênnèki | samya (m)bêkta dhêdharan | myang kupat bubucu | praptèng pandhapa salaman | lan Mongraga sadaya kang bibi-bibi | samya asêsalamaman ||Lebih satu suku kata: samya asêsalaman.

195. Ni-(m)bok Kulawirya anampèni | dhêdharan lajêng tinatèng ngarsa | wus samya tata lungguhe | nulya (n)Jêng Kyai rawuh | sarêng lan kang putra kêkalih | saha garwa ambêkta | dhêdharan pakintun | samya mudhun sing pandhapa | Kyai Bayi gupuh ngancarani siwi | suwawi sami lênggah ||

196. Nulya sampun tata lênggah sami | matumpa tumpêng anèng ing ngarsa | Ki Baywa lon andikane | payo kono wedangmu | sarapan angêt§ Prayoginipun / sarap banyu ngêt /. mumpung enjing | anulya wontên prapta | wau Nyai Jambul | ngirit dhêdharan rong jodhang | sêkul ulam myang papanganan mawarni | sadaya anêmbrama ||

197. Ki Baywa ngling lah ngriku Nyai-nCik | praptèng ngarsa nêmbah sêsalaman | miwah salam sadayane | dingarèn Nyai Jambul | matur mila marêk ing ngarsi | tutuwi ing putranta | sang pinangantyan rum | saha ngaturkên dhêdharan | sumapala sêkul ulam pangabêkti | katura ing paduka ||

198. Ni Malarsih sigra anampani | lajêng winantu tinatèng ngarsa | rampadan nèng lancarane | Ki Bayi lon amuwus | lah anakmas Sèh Amongragi | mênggah sunat apêngal | kados pundinipun | Sèh Mongraga aturira | ingkang sunat apêngal puniku nênggih |

--- 7 : 41 ---

tan kenging yèn tinilar ||

199. Nêm prakawis dhihin sunat tartip | kabliatan lawan bakdiyatan | ping kalih sunat wabin-e | nêm rêkangat puniku | tigang salam tan kenging kari | kang dhingin wabin pakat | kaping kalihipun | awabinakaplil iman | kaping tri awabina istakarati | jangkêp wabil apêngal ||

200. Kaping tiga sunat minal witri | rakangatal witri pan apêngal | tri rêkangat ro salame | ping pat sunat tahajud | kalih wêlas rêkangat mênggihnênggih. | nêm salam pan abêngal | niyate gumulung | kaping gangsal sunat Luka | namung kalih rêkangat sêsalam nênggih | kaping nêm parlu Jumngah ||

201. Pan abêngal Jumungah puniki | sunat abêngal pan inggih wênang | niyat parlan usali-ne | Jumungah kang wus têmtu | tinêtêpkên parlu linuri | kalawan malih wênang | anggugurkên Luhur | manawi botên muadah | Jumungahe lamun muadah tan kenging | pan maksih Linohoran ||

202. Ingkang sampun êkas ing agami | usali-ne ing sunat abêngal | sadaya pinarlokake | sunat nênêm puniku | kang wus mashur namung satunggil | Jumungah ingkang milya | ing pra iman§ Prayoginipun / imam /. agung | ngêgungkên kadising Jumngah | carita sli saking kitab Markum mupti | nutur sunat abêngal ||

203. Kyai Bayi Panurta nganthuki | asasmita putra ri sadaya | sarya nor pangandikane | priye kono sirèku | rasakêna ingkang amupit | santosaning ibadah | manawa winahyu | kuwat mêrlokkên abêngal | ingkang putra myang pra ari matur aris | mugi pinalalêna ||

204. Lah ya Alkamdulilah pinikir | sarèhning misil luwih utama | matur nuwun sadayane | anulya malih muwus | lah wis payo padha abukti | akêmbul bêbancakan | kadi sabênnipun | gupuh wijik kang liningan | adan lêkas pikantuk dènnira bukti | samya nadhah royoman ||

--- 7 : 42 ---

205. Wus antara luwaran kang bukti | kêndhuri sêkul ulam panganan | cinarikan dinum age | wêradin èstri jalu | miwah lurah rèh-rèhanèki | tuwin santri panuwa | kang anèng ing ngayun | kang nèng sor wus winêratan | Ki Baywa ngling payo wus bubaran mulih | nulya samya bubaran ||

206. Tan cinatur gantya kang winarni | Ki Pangulu Basarodin ingkang | lagya mêmajang wismane | dènyarsa ngundhuh mantu | pan rinowa kurmating kardi | rinaja tinuguran | sarèh-rèhanipun | sakèhing wong Pakauman | miwah santri magêrsari kang kêdaging | kang binubuhan karya ||

207. Gêng-agêngan dènnya nambut-kardi | anêrêg tarup tutuwuhannya | pan wus uning lêlajone | kang para ngundhuh mantu | pan rumaos Ki Basarodin | kawula kawêraga | wus binalung-sungsum | rahmat pinaringan nikah | Ki Pangulu sêbobotipun ing cilik | muktya nèng Wanamarta ||

208. Gêng bawahe ngungkuli para ri | saking sihe Ki Bayi Panurta | kacumbu alit milane | kikinthil datan kantun | kinêrêngan sangêt tan gingsir | mila gêng trêsnanira | Ki Bayi mring Bawuk | kaetang mung puguhira | lami-lami wus balèg dèn-tarimani | angsal santana misan ||

209. Pinaringan nama Basarodin | dadya Pangulu ing Wanamarta | wus cukup sandhang-pangane | ing mangke Ki Pangulu | manahira anglir punagi | dènnira mangku karya | ing dalêm tri dalu | anonjok murwat pinatah | pan asêlur myang dènnya ngulêm-ulêmi | ing prapat mancalima ||

210. Kathah prapta kang numbang anggili | jalu èstri wong ing Wanamarta | sangang dintên panumbange | myang dènnya mubra-mubru | ngangge-angge adia-diningadi-adining. | desa datan rêkasa | namung bungahipun | Ki Pangulu karsanira | kalih dalu dènnira midadarèni | pênuh ingkang jagongan ||

211. Dènnya nambut-damêl tigang ari | mragat maesa têlas limalas | kajawi bèbèk ayame | pan agung tamunipun | pan sadintên kang numbang mintir | lajêng sami ngalêmpak | jalu èstrinipun | ing wanci wus bakda Ngasar | kinèn mapag kang badhe

--- 7 : 43 ---

mapag pangantin | lan (m)bêkta kêmbar-mayang ||

212. Ki Pangulu piyambak angirit | lan rayate Ni Pangulu tuwa | kang ngirit pra wadonane | lumampah sadaya wus | praptèng Kulawiryan miranti | têpang tatèng pandhapa | supênuh asukup | nulya samya sinugatan | pawohan lan paleyanpatèhan. sampun waradin | nulya kêndhurinira ||

213. Wus pininta saambêngirèki | ingancaran kang samya kondangan | nulya samya nadhah kabèh | sadaya pan pikantuk | nutug dènnya sami abukti | luwaran cinarikan | kêndhuri wus dinum | wêradin miwah wong rucah | wusnya nulya Ki Pangulu Basarodin | nabda mring Kulawirya ||

214. Gati prapta kawula ing ngarsi | nuwun sang ro Pinangantyan tama | mugi parênga samangke | panuwun kula ngundhuh | mantu dalêm ing wisma mami | Kulawirya lingira | (ng)gih sumanggèng kayun | tan beda pitêmbungira | Ki Pangulu wuwuse marang kang èstri | nêmbung nuwun pangantyan ||

215. Wusnya parêng gya budhal parèstri | pra priya anèng pandhapa mangkat | wus miranti sadayane | santri slawatan umyung | sinauran kang sadayèki | dadya dudulwèng marga | kang nonton atimbul§ Prayoginipun / matimbun /. | tan antara nulya prapta | Pakauman Ki Pangulu Basarodin | rumiyin lan rayinta ||

216. Lumayu ingkang Ki Basarodin | arsa parentah wus ginêlaran | klasa prapta ing korine | dhatêng jêrambahipun | sinawuran ing bungahMaksudnya: bunga. ramping | gêlaran rinangkêpan | srêbèt putih alus | Ki Pangulu nèng pandhapa | amiranti dènnya amanggihi têmantin |§ Prayoginipun / amiranti dènnya manggihi têtami /. nulya pangantyan prapta ||

217. lajêng tumamèng jro wismanèki | kang ngarak wus tata samya lênggah | kêpung akapang pipite | nulya pawohanipun | myang patèyan sampun waradin | nulya kêndhuri mêdal | wus pininta cukup | jaba jro miwah urakan | datan ana ingkang kaliwatan siji | ngajênglajêng. ngancaran nadhah ||

--- 7 : 44 ---

218. Langkung samoa ambêngirèki | opor bêtutu bêsngèk bêkakak | ulam-ulaman sarwa kèh | nulya kabèh tuturuh | ramya pating karêpyêk bukti | antara cinarikan | binarêkatan wus | sawisira abubaran | jalu èstri sadaya wus samya mulih | pan sampun winêlingan ||

219. Samya rêbat wêktunira Mahrib | sawusira wanci bakda Ngisa | samya wangsul sadayane | apan tiyang sadhusun | sêdagaran lan magêrsari | miwah pêrapat desa | kang winêling wangsul | sami tata nèng pandhapa | tan kaliru sagolong-golongirèki | banjêng têpung akapang ||

220. Pêpak sadaya tan ana kari | tuwin Kiyai Bayi Panurta | rawuh lawan pra arine | pêpakan anèng ngriku | miwah ingkang putra kakalih | Jèngwèsthi Jayèngraga | myang santri sadarum | wus tata anèng pandhapa | sinugatan pawohan patèyan sami | adan lêkas sêlawat ||

221. Langkung ramya sêlawatan dhikir | tan ana ingkang nganggur satunggal | samya muni sadayane | anutug singiripun | turun-turun sajakirèki | tan wun ucap ramenya | dènnya dhikir Mulud | praptèng dhikir katam ramya | Ki Pangulu andonga kataman dhikir | santri anasib ramya ||

222. Bakda dhikir kêndhuri sumaji | agêng samoa sarta akathah | Ki Pangulu sidhêkahe | wus dinongan Rasul |Kurang satu suku kata: wus dinonganan Rasul. nulya samya eca abukti | nutug sasukanira | wus antara dangu | luwaran gya cinarikan | apan dinum barêkat sampun waradin | sêsalaman bubaran ||

223. Tan cinatur ingkang samya mulih | yata kang bakda tangat palilah | tasbèh tahajud sawuse | Ki Sèh Mongraga nêngguh | kundur saking panêpènèki | laju tumamèng wisma | lan garwa kucumbu | wus jênêk anèng jro tilam | kang parèstri sadaya sami sumingkir | ringga cêlaking tilam ||

224. Ingkang lênggah nèng jro jinêm amrik | sira Ki Sèh Mongraga ngandika | yayi kawruhana kiye | mungguh sajatinipun | sipating Hyang ingkang sajati | kang purna anèng kita | tanpa wangênipun |

--- 7 : 45 ---

Tambangraras aturira | inggih ingkang mugi aparinga dêling | kang raka angandika ||

225. Iya yayi myarsakna sayêkti | sipat rongpuluh sajatinira | kang nèng lapal kalipahe | muptandhane§ Prayoginipun / muptadane /. ing ngriku | la illaha illalah nênggih | kang manjing lapal êla | lalima kèhipun | wujud kidam lawan baka | miwah mukalapatullil kawadisi | kyamu binapsi ika ||

226. Ingkang manjing illala puniki | apan nênêm samak basar kalam | samingan basiran rêke | mutakaliman-ipun | ingkang manjing nèng illa nênggih | sipating Hyang sakawan | kodrat iradatu | ngèlmi kayat jangkêpira | kang nèng lapal Allah lilima sayêkti | kadiran lan muridan ||

227. Ngaliman kayan wahdaniati | dene kayat kayun têgêsira | jasad jijimira§ Prayoginipun / jisimira /. dhewe | rupa kalawan makluk | ingaranan ya angarani | lah malih ingkang sipat | ngèlmu lan ngalimun | iku ati lan kalbunta | apan cipta cinipta rêrasan ati | rêrasan lan Pangeran ||

228. Sipat kodrat kadiran puniki | têgêse tangan karo lungguhnya | obah osik tan talangke | kalawan Hyang Maha Gung | de iradat muridan yayi | yèku nyawa lan suksma | parèng karsanipun | karêpe ingkang kinarsan | ingkang sipat samak samingan lirnèki | talingan lan pamyarsa ||

229. Sipat basar lan basirun nênggih | têgêsipun netra lan paningal | dulu-dinulu tan pae | kalam mutakalimun | têgêsipun ilat lan uni | pangucap lan suwara | pan uwus winuwus | kumpul nèng sipat sakawan | ingkang dhingin sipat salbiyah mangani | kalawan maknawiyah ||

230. Lawan yayi kawruhana malih | mungguh salat wêktu Subuh uga | tuduhe rehulah rêke | (m)bun-bunan wêdalipun | warna abang lintange ugi | kamare kang minangka | turuning wahyeku |wahyèku.

--- 7 : 46 ---

salating kêkêtêk dhadha | Nabi Adam rêkangat kalih puniki | witing kumpul roh jasad ||

231. Ing wêktu Luhur tuduhe nênggih | pan ing utêg wêdaling talingan | akuning ika rupane | pan johar lintangipun | Nabi Brahim ingkang (n)darbèni | salatipun punika | kêtêge atimu | rêkangat papat punika | nyatanipun nèng makripat kalih iki | lawan talingan uga ||

232. Wêktu Ngasar pan tuduhe ugi | ing lilimpa wêdale kang grana | aputih ika rupane | pan lintangipun Samsu | Nabi Yunus ingkang (n)darbèni | salatipun punika | kêtêg pusêripun | rêkangat papat punika | nyatanipun ing dhadha kalawan gigir | lambung kiwa têngênnya ||

233. Ing wêktu Mahrib tuduhe nênggih | pan ing nyawa wêdaling punika | têgêse ing awak kabèh | pan ijo warnanipun | apan lagi asipat urip | lintange Mutakarab | salate puniku | ing kêtêg gulu punikuGuru lagu seharusnya: 8a, ing kêtêg gulu punika. | Nabi Ngisa rêkangat têtêlu yayi | nyatèng tutuk lan grana ||

234. Ingkang wêktu Ngisa tuduhnèki | ngula-ula wêdale punika | saking ora dadyanane | pan irêng warnanipun | lintangipun Juhra ta yayi | nyatane anèng kiyal | salate puniku | anèng kêkêtêg lêlatha | Nabi Musa rêkangat papat puniki | tangat ro lan sukunya ||

235. Minalwitri pan kêkalih yayi | rêkangate tuduhe punika | ananing kulakwula. Gustine | lintangipun puniku | johar awal punika yayi | nabine Nabi kita | Muhamad (n)Jêng Rasul | ulah ngalèhi wasalam | kang (n)darbèni rêkangat kalih puniki | anèng dubur lan dakar ||

236. Rakangatal apan iku yayi | rêkangate sêsalam punika | tuduhe tan ana manèh | anging Allah kang Agung | kang misesa raina wêngi | salatipun punika | ing kêkêtêg wimbuh | nyata ing gigithok uga | yèku yayi ywa kêlêmpit sêmbah puji | dèn-awas ing panêmbah ||

--- 7 : 47 ---

237. Ingkang garwa umatur nuwun sih | yata ing wanci pajar gidiban | asri bêkisar pangwuhe | nulya mijil tuturuh | lan kucumbu cèthi Cênthini | sawusnya sami kadas | mring gandhok kilèn wus | Sèh Mongraga dènnya adan | nganyut-anyut landhung swara rum amanis | myang pra santri kèh adan ||

238. Tampan-tinampan angalik-alik | apan ramya sabawaning desa | myang pêksi-pêksi munya kèh | praptèng bakda byar esuk | kèh solahe jalma jalwèstri | raryalit rêbut paran | ing swaranya umyangumyung. | yata Ki Sèh Amongraga | sabakdaning sunat Luka nulya mijil | sarimbit lan kang garwa ||

239. Ki Pangulu mudhun ing pandhapi | gupuh mapag mudhun atur salam | wong wus kinèn lungguh age | kapering dènnya lungguh | Ni Pangulu anglêladèni | papat pisan anata | sêsaosanipun | dhêdharan enjing-enjingan | nulya Kyai Bayi Panurta kang prapti | lan putra kalihira ||

240. Saha garwa sarta apangirit | pakintun sêkul ulam panganan | jing-enjingan lir sabênne | sadaya sami mudhun | ingkang rama gupuh nyarani | nulya samya alênggah | asêsalaman wus | tan adangu para kadang | Ki Suharja WiradhudthaWiradhustha. Panukmèki | Panamar Kulawirya ||

241. Lan sêrayat tan ewah lir wingi | lan Nyai Jambul sarêngan prapta | rong jodhang bot gêgawane | samya marêk ing ngayun | atur bêkti salaman sami | Nyai Pangulu mapag | nampèni pamunjung | lajêng tinata ing ngarsa | samohandhèr rampadan awarni-warni | sêkul ulam panganan ||

242. Kyai Bayi angandika aris | bok wis payo padha sêsèmèkan | mumpunga esuk enake | mara ta kono wisuh | kaya sabên bae abêcik | sigra ingkang liningan | samya atuturuh | adan lêkas samya nadhah | jalu èstri pikantuk kêmbul lan bukti | tan ana ringaning tyas ||

243. Sira Ki Pangulu Basarodin | tunggil sa-ambêng lan Jamil Jamal | tinuluskên punagine | wong têlu samya thêkul | Kulawirya sêsambèn angling | lah kang Pangulu Basar | (n)dika niku kaul | punapa wus (n)dika coba | ing kojahe têtamba Ki Jamal Jamil |

--- 7 : 48 ---

Basarodin turira ||

244. Kula coba pan inggih sayêkti | suku kula wus mantun tan lara | Kulawirya ngling kadèke§ Prayoginipun / kadèkne /. | wingi bisa lumayu | ngêmpêt bangêt pan kêbat mèri | ingkang dene rêkasa | ukur mingkug-mingkug | wakne kang wadon akêbat | gèsèh têmên kang Pangulu Basarodin | kang wadon lan kang lanang ||

245. Ingkang wadon bangêt kuru aking | ingkang lanang bangêtên lêmunya | kang myarsa gumuyu kabèh | Ki Pangulu umatur | kula timbang lan waunèki | tan sagêd mlajêng pisan | suku kula ribug | kêdhik-kêdhik lêhêng mangkya | botên grigah-griguh wah sagêd lumaris | saking dhi Jamil Jamal ||

246. E lah layake yèn punagèni | Jamil Jamal marasakên lara | mêksih kuciwa kaule | iwake kèh kang wayu | êmpal bawuk dèn sungkên Jamil | pan sêrampadan pisan | kabèh padha bawuk | Jamil Jamal aturira | botên wontên kang bawak-bawuk satunggil | Ki Pangulu anjola ||

247. Sarwi kadumêlan angling ririh | (n)dawêg nêdha mawon ywa pinirsa | Jamil mangêrti sêmune | jênênge Ki Pangulu | Basarodin Bawuk dhèk cilik | kêtarèng guyunira | sêdaya aguyub | Kulawirya malih nabda | niki kang Pangulu opor bêsngèk pitik | kang botên bawuk mangkak ||

248. Ki Pangulu mêlerok nauri | botên ilok nyêmoni anjangkar | tan marèni sêmbranane | Kulawirya gumuyu | kang Pangulu kula rumiyin | kèn-damêl bawak (n)dika | mangke punapampun | Ki Pangulu saurira | punapa takèn têmênan bawak yêkti | manawi sasêmonan ||

249. Yèn sayêktos dèrèng dados mangkin | kantun ngalus doranne kewala | lawan ancêpe tandhinge | Ki Kulawirya muwus | bok dèn-êmpunakên tumuli | niku gaganti lawas | bawak kongsi bawuk | Pangulu ngling lah apa ta | jarku apa dhasar wong arêp moyoki | samya ginuywèng kathah ||

--- 7 : 49 ---

250. Saya kaecan dènnira bukti | sinambi samya apagujêngan | Mongraga mèsêm myat dene | kang samya (m)banyol wuwus | pan sinamur tanpantuk bukti | pamulukira arang | alit kêpêlipun | sapêntil tanjung karêngga | ginêlintir kongsi atos ngintip aking | gutuk kêpêl atosnya ||

251. Sêdhêku sikut tumungkul bukti | pêmamahe tan kêtarèng waja | pinamah kaping salawe | antara kongsi lêmbut | kêcap pisan pêlêlêdnèki | tan pati dhahar ulam | sêcuwil mung paru | sinêlan lawan lalaban | cokol laos têmu poh lêmpuyang kunci | tan kathah sawatara ||

252. Sadangunira dènnira bukti | anyêngka angsal sangang pulukan | samya micarèng jro tyase | adat têmên sang Mong kung | wus tan nêdya sêsambèn bukti | salaminya anadhah | royoman kadyèku | lagyèki kèh-kèhing buktya | wus tatela uliya Sèh Amongraga | tan lumrah lan wong kathah ||

253. Têka mangkana tyase jalwèstri | wus antara dangu dènnya nadhah | anti-inganti uwise | nulya samya tuturuh | ngumbah tangan awijik wanting | ambênge cinarikan | dinum bêrêkat wus | waradin sadayanira | jalu èstri lurah santri magêrsari | kang samya nèng pandhapa ||

254. Dalah pawong-wong tan ana kari | nulya mangsêgan lumadyèng ngarsa | nyamikan sapikantuke | sadaya sami nutug | nulya luwar dharan binagi | brêkat kèh enak-enak | sami pandumipun | jalwèstri ciptanya rahmat | sabab sajêgipun dèrèng anglampahi | royoman kang kadyèka ||

255. Kyai Bayi angandika aris | kadipundi anak mas Mongraga | mungguh kal donya parlune | lan kal akeratipun | parlunipun kadi punêndi | Sèh Mongraga turira | lon mring ramanipun | ingkang kal donya parlunya | apan gangsal prakawis ingkang rumiyin | karya bèt sêsananya ||

256. Kaping kalih nampurnakkên mayit | kaping tiga anglakèkkên anak | èstri pilih tumuntêne | kaping pat nrapakên kukum |Lebih satu suku kata: kaping pat nrapkên kukum. ingkang sampun katrap ing sisip | ping gangsal nyaur utang | parlu rikatipun | tan kenging sinabarêna | lamun nyabarakên batal

--- 7 : 50 ---

kal donyèki | têmahan dadya wisa ||

257. Kal akerat pan gangsal prakawis | kawit talabul ing ngèlmi papat | sarengat tan tarekate | kakekat makripat wus | kaping kalih angibadati | ing salat gangsal wêdal | kaping tiganipun | kipayah dusing mayita | sarta nyalatakên pisan datan pilih | kang prayoga lan nistha ||

258. Ping pat sabar tawêkal tan gingsir | tan opèn ing liyan mung dhawaknya | sarèh rèrèh rahayune | de kaping gangsalipun | tapa têpa tanpantuk bukti | tan pomah§ Prayoginipun / tomah /. rajah tamah | namung antêpipun | lan alincak alicikan | kang wus singsal ing misil sandhang lan bukti | namung nungge Pangeran ||

259. Kyai Bayi manthuk-manthuk angling | jawane wus babagan piyambak | kang ahli kal donya kiye | lan ahli akeratu | pan wus palalira pribadi | andhêku kang sinojar | ing wuwus junurung | lingira Bayi Panurta | mring kang putra kêkalih miwah pra ari | lah iku anakira ||

260. Pupungkasan le padha punagi | dadi lakune nak-putunira | kari sapisan (ng)ko sore | pan mulihe malêbu | ing wêngine akurmat nabi | iku parentahana | sarèh-rèhanamu | samya umatur sandika | angling malih payo padha bubar mulih | sêdhênge tata-tata ||

261. Sami sêsalaman sadayèki | lajêng kundur Ki Bayi Panurta | putra ri samya andhèrèk | wangsul ing korinipun | putra kalih lan para ari | mantuk sowang-sowangan | wau ta cinatur | yata Ki Bayi Panurta | lan kang garwa Malarsih amanngunamangun. kardi | parèstri olah-olah ||

262. Ki Baywa ngling marang santri Luci | èh Luci kabèh sira priksa-a | tarup myungmyang. tutuwuhane | sulamana dèn-gupuh | êndi ingkang rusak tan bêcik | lan manèh andadaka | kêmbar-mayang arum | kang bisa maune sapa | konên gawe santri Luci matur aris | inggih pun Gêndhayakan ||

--- 7 : 51 ---

263. Lah ya kono mara ta dèn-aglis | tur sandika Luci sigra mentar | paparentah mring santri kèh | tapung samya anambut | anulami kang tan prayogi | jalu èstri busêkan | mragat mesa lêmbu | wêdhus banyak bèbèk ayam | rinampungan têngange ngingon-ingoni | kèndêl Luhur sêmbahyang ||

264. Bakda Luhur tatrap nambutkardi | rinayap ing anak-putu kathah | purna sadayaning gawe | ngajêngkên Asar-ipun | ingkang sami kinèn wus prapti | kang putra kalihira | lan pra kadangipun | myang magêrsari sudagar | jalu èstri santana lan lurah santri | samya prapta sadaya ||

265. Wus pêpakan anèng ing pandhapi | Ki Bayi lênggah pinggir lèr têngah | nèng lampit kadêmangane | Ki Bayi alon muwus | apa uwus pêpak pra sami | kang para ri turira | kados inggih sampun | nulya muni bêdhug Ngasar | angling malih payo padha salat dhisik | sêdhêng mêngko bakda Sar ||

266. Nulya sami salat maring masjid | masjid mangu dènnira asalat | myang dhèrèk mring tajug bae | lan para èstri wêktu | salong kantun tan salat sami | maksih ngrukti pakaryan | samya rasan muwus | lan rowange nambutkarya | iya ta lah ing karsane (n)Jêng Kiyai | ringkês wêkasan rowa ||

267. Ringkêse namung nora nyuruhi | mring priyayi iya gêdhe uga | mung tan natap gangsa bae | iya bênêr sirèku | yèn rong dêdêg sajaking kardi | kalamun tinêksira | rongatus tan cukup | bêgjane Kèn Tambangraras | tan krama kongsi kalangkahan kang rayi | lêkas krama tan jamak ||

268. Kinurmatan para kyai-kyai | prasasat dèn-mantokkên ping sanga | atumpa-tumpa bêgjane | kang sawiji sumambung | wus tan kêna dilalahnèki | mangunahe kang garwa | Mongraga linuhung | apêsthi ta iku uga | ingkang mawa ing gawe anèh sêsami | kayata wong anumbang ||

269. Dadi kaping sanga sabênnèki | wiwitane le padha anumbang | nuli maring Jayèngwèsthèn | mring Jèngragan kang ngundhuh | gantya-gantya salajêngnèki | Suharjan Wiradhusthan |

--- 7 : 52 ---

Panukman ing ngriku | Panamar Kulawiryanya | mring Pangulon kang numbang tan ana sêdhih | têka bungah kewala ||

270. GawokinnggongGawokingong. wong ta duwe picis | samargane dumadakan gampang | lah arta sinumbangake | salawase mêmantu | (n)Jêng Kiyai tan kadi iki | iba dipun-rowa-a | mendah rêjanipun | mangkana dènnya rêrasan | lan rowange nambutkarya jalu èstri | yata ing Pakauman ||

271. Ki Pangulu Basarodin linggih | nèng pandhapa lan Ki Jamil Jamal | Ki Pangulu lon wuwuse | dhi Jamal radi maju | dènmariki lan kula linggih | sampun wigih mangarsa | wontên parlunipun | Ki Jamal Jamil agêpah | manjing ngarsa wus majêng kèn majêng malih | tinarik tanganira ||

272. Dadya adu dhêngkul dènnya linggih | wong têtêlu samya dhêdhêkêtan | Ki Basar malih têmbunge | kula takèn satuhu | mring andika Ki Jamal Jamil | mênggah kula punika | kados pundinipun | sangêt kepengin susuta | lamun parêng lêga galihe pun adhi | kang mugi pitulunga ||

273. Saratipun mrih sagêd sisiwi | sampun tanggêl gèn angakên kadang | ing donya praptèng akire | ing batin ngong (ng)guguru | inggih dhatêng pun adhi kalih | sok uga katrima-a | gyan-dika sung tulung | pan agêng punagi kula | kalih dene parlune ngong tanya malih | bab pakuwating dakar ||

274. Manthuk-manthuk Jamal Jamil angling | punapa pês tan (ng)gulawat pisan | Pangulu mèsêm saure | inggih bêlakanipun | botên apês têngèn pan nanging | tan pandak mung sakêdhap | sangêt rikatipun | sêtun dangu gangsal grêgan | nuntên mak brol sangêt cuwaning kang ngati | kalihe sami cuwa ||

275. Sin-isin punapa lan pun adhi | mapan kula wus nêdyèng pasaja | Jamil angling (ng)gih-gihane | dospundi lajêngipun | Ki Pangulu apojar malih | punika (m)bakyu (n)dika | yèn ngong darbe kayun | papat pisan kawêratan | (ng)gih punika cacade sa-ênjèk mijil | lagya cathok brol mêdal ||

--- 7 : 53 ---

276. (m)Bakyu (n)dika kabèh mêmoyoki | winastan lir kambangan kewala | sarta apanas tibane | mila sami amuwus | (m)bakyu-(n)dika maoni mani | apan cuwèr kewala | ganda lêtêng langu | winastan iku kang mawa | mila sangêt susahe tyas kula adhi | mugi wlasa maring wang ||

277. Jamal Jamil anauri aris | yèn mêkotên ywa dadi tyas-(n)dika | kula yun priksa warnine | Pangulu èsmu guyu | kadipundi ngisin-isini | èwêd têmên kawula | sangêt awonipun | angling (ng)gih ngangkah punapa | tiyang sampun sami pasaja tan kêlir | tan wangên-winangênan ||

278. Anauri kadi pundi adhi | wontên ngriki kajawi angiwa | inggih sumangga nulya ge | maring surambi tajug | wong têtêlu sami alinggih | ampingan tan katingal | nulya Ki Pangulu | saking parluning patanyan | lingira lon kula alim dalêm adhi | amiyak nyampingira ||

279. Jamal Jamil (n)jumbul aningali | samya gumuyu alatah-latah | arsa sinasab tan awèh | lo kajênge ta sampun | kula grayangane rumiyin | Ki Pangulu mathethah | isin pinêksa wus | Ki Jamil gumuyu mojar | bilah dene kaya kodhok (n)dhêkêm iki | lir cêpuk kayu kawak ||

280. Gêdhe bangêt bangêt cêndhaknèki | tan sêmbada gêdhe lan dawanya | layak yèn copotan bae | tan sagêd kandhas masuk | maring uwêl jêjambu jroning | ijêp asmaragama | sarwi tinêkêm wus | satutup kapara mangang | Jamal Jamil wong roro gyan anêkêmi | gumuyu guligikan ||

281. Darbèk-(n)dika anèh têmên niki | mêlulu kêpala thok kewala | nulya (m)bêkayang(m)bêngkayang. guthule | mêlêng-mêlêng awungu | (m)bêkuh mêngkirig Pangulu ngling | ambrol kamanya mêdal | macothot thêr thur-thur | anyoroti tanganira | Jamal Jamil kidih-kidih angusapi | dèn-waspadakkên pisan ||

282. Kamanira Kyai Basarodin | Jamal angling (ng)gih bênêr kang mojar | mastani kopyor manine | sami samya tuturuh | pan wus sami wisuh barêsih | Ki Jamal wuwusira | mring Kyai Pangulu | kula apajar kewala | dene saratipun amrih kuwat rêsmi | sranane [srana...]

--- 7 : 54 ---

[...ne] oyod kakas ||

283. Ingukur dèn-sami panjangnèki | lan dakare dèntên racikannya | marica sunthi lan cabe | pipitu ingkang wungkuk | uyah lanang lan arêng jati | gula rèn pinêrapat | pinèt saprapat mung | pinipis têngahe latar | nuju wanci têngahe pipisannèki | rinajah-rajah kêlar ||

284. Yèn wus giling winatêg puniki | sang dewa sênjata akas-akas | kurang baga lwih akase | kurang baga akukuh | ora nana patine nuli | jêjamu dipun untal | sa Allah puniku | dene sarat maring kama | supaya mrih mani tan mêtu tumuli | tlutuh pisang bênggala ||

285. Kunir lanang lawan murmak daging | uyah lanang lisah wijèn ika | tinoyan jêruk lilange | mangka nuli inguyup | adatipun sampun sring-asring | dene amrih supaya | agadhaha tuwuh | babakan dalima wantah | lan êndhoging sawung kate lisah wijin | pinipisa cangkangnya ||

286. Lan tètèsing sarêm sawatawis | ingurutkên saking kawêtira | wit saking silit kodhoke | majêng mring dakaripun | sabên sontên suruping rawi | lan malih kang inguntal | pêli bajing gêndhu | racik sanenjong kêdhikan | siji cabe wungkuk bongkot pucuknèki | tan mawi sinarêman ||

287. Lamun sampun lêmbat pan pinipis | winorkên sajroning tigan ayam | kate têmbeyan sarate | nguyup sing cangkêmipun | pêndhak (ng)Gara Kasih jêjampi | sampun akêndhat-kêndhat | yèn dèrèng tumuwuh | insa Allah inggih uga | gadhah tuwuh mantun grewal-grèwèl iki | têmu jênak atanak ||

288. Wa samantên botên ngrumiyini | ing dalêm pêsthi karsaning Allah | nanging ihtiyar wajibe | katrima botênipun | langkung bêgjanipun pribadi | apan walahu alam | tan kawasèng tèngsun | nitik kang wus kalampahan | dèrèng wontên kang madal saking satunggal | kang pêluh dadya akas ||

289. Ki Pangulu lêga tyas ngungun ling | adhuh sadulurku Jamil Jamal | muga katrima kojahe | yêkti kula pituhu | mugi sagêd nadar tumuli | mangke kula awakap | sapêngadêgipun | mring

--- 7 : 55 ---

pun adhi kalih pisan | nulya nuding mundhut sapêngadêg jarit | tan dangu sinaosan ||

290. Lah punika krana Lah dhi Jamil | pratandha saking katrêsnan kula | Jamal Jamil lon ature | puniku kula nuwun | botên purun manira tampi | sadèrènge sampunnya | sihe Ki Pangulu | sangêt panarimaningwang | botên watak angupaya ing wêjani | mung krana Lah kewala ||

291. Kula puniki tiyang kakalih | langkung drêmba tadhah kula mangan | sami lan tiyang gangsale | prandene kula lampu | angêlikik luwe tan bukti | lamun datan sinungan | pangan mring sang Luhung | putrandika Sèh Mongraga | sanadyan kantosa pintên-pintên ari | lamun tan kinèn nadhah ||

292. Inggih botên ngajêng-ajêng bukti | sanadyan sandhang yèn tan sinungan | saking putra-dalêm dhewe | kawula datan purun | salin sinjang liyan kang paring | Pangulu kêgawokan | gêgêtun agumun | lah inggih dhi sakaliyan | kula ngarah kewala karsane adhi | punapa pinarêngan ||

293. Lah wus (n)dika wangsul ing pandhapi | kula adus mring kulah sakêdhap | lamun kasêlak praptane | Pangulu sigra adus | pan jinabat kurujil mani | satêngah dènnya siram | kasêlak kang rawuh | têtamu ingkang amapag | ing pangantyan gumarêdêg jalu èstri | prapta tatèng pandhapa ||

294. Tarap têpung adu dhêngkul linggih | Ki Pangulu kasusu dènnira | siram nulya dandan age | srewat-srewot agupuh | gupuh dènnya manggihi tami | wus prapta ing pandhapa | toya taksih kumyus | sêmu malêm busanannya | Kulawirya waspada dènnya ningali | têtanya mring Ki Basar ||

295. Ki Pangulu wau saking pundi | punapi kesah têbih wau ta | kongsi kêbês karingête | mencong dumancungipun | kêmancêpên kirang jêngginik | sarwi sasmitèng kathah | kang mulat gumuyu | dalih saking tan kaopan | Ki Pangulu kèwuhan dènnya nauri | sinamur paparentah ||

--- 7 : 56 ---

296. Angenggalkên pasunggatanèki | pawohan wedang kasinomannya | wus warata sadayane | Kulawirya amuwus | kang Pangulu wau king pundi | matur tan kesah-kesah | punapa-a kumyus | sumangga mangsa boronga | sarwi ngingêr kêthu kang mèncèng jininggring | kumocor toyanira ||

297. Andêrèwès nêlêsi kulambi | saya ginuyu maring ing kathah | mendah wartiya ngartine | wusnya nginang sadarum | nulya ambêng kêndhuri mijil | jaba jro wus rinumat | tan ana kang kantun | wus samya ngancaran nadhah | adan lêkas sadaya anutug bukti | luwar ambêng dinuman ||

298. Binarêkat wradin sakathahing | jalu èstri sawusnya mangkana | Jayèngwèsthi lon dêlinge | lampah-ngong mas Pangulu | pan dinutèng rama (n)Jêng Kyai | kinèn mundhut pangantyan | tinimbalan kundur | kabêkta-a ing manira | aturira Ki Pangulu Basarodin | inggih dhatêng sumangga ||

299. Tan prabeda pitêmbungirèki | Turida mring Ni Pangulu tuwa | nulya majêng lon ature | matur mring sang linuhung | Mongraga tan suwala kapti | sigra parèstri mangkat | myang jawi sadarum | jajaran songsong wus mêgar | Sèh Mongraga Kèn Tambangraras kinanthi | umangkat saking wisma ||