Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

383. Dhandhanggula

1. Wismanira Ki Sèh Amongragi | uwus purna salirira dadya | tan kanti pêndhak dinane | mung kawan dintên rampung | wus tan ana labêting kardi | sinaponan sumilak | tan katara lamun | pagriyan anyar kinarya | kitri-kitri tan ana ngalum-alumi | lajêng sêkar mardapa ||

2. Kulawirya lawan Jayèngragi | bakda Luka wus anèng griyanya | angubêngi sadayane | lamun ana kêliru | tuwin ingkang dèrèng prayogi | pan wus sadayane ka | tan ana kang saru | Kulawirya kagawokan | arêrasan kalih lumampah ngidêri | kalawan Jayèngraga ||

3. Iya ta lah jroning gawe iki | barang sinambut nora rêkasa | wit mantu kanti saprene | tangkêpe wong sadarum | kang anumbang munjung kêndhuri | sabên dina tan kêndhat | miwah bau suku | dhangan rikat tur prayoga | doh ing majad sun rêrasan iya saking | bêgjane Tambangraras ||

4. Jayèngraga anauri aris | inggih lêrês (m)bakyu ingkang bêgja | sawab saking mangunahe | Ki Sèh Mongraga luhung | paman pan punika kang mawi | kados puniki paman | wisma kang rinamut | tan nyana sagêd glis dadya | apan têbih majade takêring kardi | tan sampun tigang wulan ||

5. Kadosta punika kitri-kitri | tan ana lum asêgêr kewala | malah sungut prêdapane | lah botên ta puniku | têtelane mangunahnèki | putra (n)dika Mongraga | karya elokipun | Ki Kulawirya anabda | iya talah wus nora kêna pinikir | labêting ngulama kas ||

--- 7 : 88 ---

6. Angling malih wau Jayèngragi | e lah lêrês paman kêkirangan | mung bakuponipunpaguponipun. dèrèng | paman prayogi sinung | anauri manira lali | iya mêngko andadak | dadine be sesuk | yata Ki Bayi Panurta | lagya angêploki daranira Gambir | kang bêblês ing ngawiyat ||

7. Apan sabên enjing sajêgnèki | wong sadesa pisan Wanamarta | kang dadi kabungahane | anggêrtak dara mabur | sru ngangngangan sawangan muni | kang jodhon kang bayakan | samya muluk-muluk | kinêplokan-kinêplokan | lamun nuju pêksi pradangga mimiling | darane byar anglarap ||

8. Salang tiyup mawut dènnya wiwrin | ambyar ura mawur asasaran | arêbut dhucung udhunnya | ana nilap mandhuwur | bêbês amblês katon sabibis | cat kaksi uga ilang | mêmêt nyamut-nyamut | kang duwe dara asuka | miwah lamun kang dara nuju pinêndir | ing pêksi alap-alap ||

9. Atilapan wat-wêt angindhani | wong sadesa swarane gumêrah | samya alok lere-lere | yèn muput nilap mudhun | dara mencok baguponèkipaguponèki. | kang duwe bungah-bungah | dèn-kudang lir sunu | pan mangkana wong sadesa | sabên enjing apan wus dadya kamuktin | anglawatakên dara ||

10. Lamun sontên wanci Asar akir | kabungahanira ngundha-undha | layangan glathik êmprite | jêprah panjêr amuluk | barung umyung mawi sêndari | angèrèng kapawanan | dadya srining dhusun | awor swaraning kitiran | sarta unining gamêlan angrêrangin | suraking rare dolan ||

11. Myang (m)bêngingèhing kuda sarênti | kapyarsa ring pêrapating desa | lamat-lamat gong unine | nganyut-anyut karungu | dhasar munggul kêtêp kang kitri | sambada swabawanya | desarja gêng kubuk | sênênning dhusun apraja | wong amanca samya anêbut nagari | kêrajan Wanamarta ||

12. Tan wun ucapên srining desa di | yata (n)Jêng Kyai Bayi Panurta | wuse ngêploki darane | lajêng mring wisma baru | santri Luci lawan Nuripin | ngiring (m)bêkta lantaran | lan salêpanipun | Kyai myat putra-rinira | angling malih apa wus suwe sirèki | matur duk bakda Luka ||

--- 7 : 89 ---

13. Sarwi samya midêr niningali | dene kiye iya wus prayoga | tan ana kuciwa kabèh | kitrine tan ana lum | sêgêr bae banjur abêcik | putra ri nuwun turnya | sabda sampeyan wus | nulya Ki Pangulu prapta | kadya sabên kang martamu lan kang èstri | samya (m)bêkta dhadharan ||

14. lajêng nusul mriki Nyai Bayi | nulya para ari ingkang prapta | Suharja Wiradhusthane | Panukma lan Panamar | lajêng nusul kewala sami | ningali rakit wisma | samya cipta gumun | ilang labêting dhudhukan | miwah kitri tan ana alum sawiji | lir lami wus sawarsa ||

15. Kyai Bayi angandika aris | wis ayo padha maring pandhapa | sadaya sumngga ture |Kurang satu suku kata: sadaya sumangga ture. praptèng pandhapanipun | wus atata dènnira linggih | Ki Sèh luhung Mongraga | garwa sakucumbu | umarêk prapta ing ngarsa | ingkang rama samya ngingsêri kang linggih | miwah kang para rayat ||

16. Ni Malarsih lawan Nyai§ Prayoginipun / Kyai / [sudah benar Nyai]. Bayi | nata dharan piyambak-piyambak | Sumbaling lawan cèthine | samya ngladèni ngayun | santri Luci nepasi gêni | anglone mongah-mongah | wedang pinrih sêpuh | Ki Bayi alon ngandika | payo padha sêsarapan mupung enjing | enak angêt-angêtan ||

17. Kaya sabênne bae abêcik | kêmbul wis kono padha wisuha | gupuh kang liningan kabèh | samya sarêng awisuh | lah wis payo Bismillah bukti | nulya sami anadhah | aroyom pikantuk | kêmbulan lawan wong kathah | santri Luci Nuripin lan Jamal Jamil | myang lurah santri kapang ||

18. Samya nutug tuwuk kang abukti | nulya luwaran awiwijikan | kinèn ambagi ambênge | gya dinum brêkatan wus | jalu èstri sampun waradin | gantya ingkang dhêdharan | kinêkêt ing ngayun | angling payo mêmangsêgan | sapêkolèh apa sasênêngirèki | wowohan juwadahan ||

19. Samya nyênyamikan sadayèki | Kyai Bayi alon angandika | hèh Wirya dhèk wingi kae | sapa kang duwe manuk | kang sinaut [si...]

--- 7 : 90 ---

[...naut] lap-alap kêni | matur Ki Kulawirya | inggih pêksinipun | rinta pun kakang Suharja | angandika iku daramu kang êndi | apa si Ganjur megan ||

20. Matur dede pan inggih pun Panjing | angling malih pindhone kang dara | luput kongsi bundhêl suwe | sapa kang duwe manuk | pêsthi ujar awake kawin | dèn-cêngkrêm alap-alap | Kulawirya matur | pêksi-ngong pun Kaladuta | inggih botên wontên labêtipun kawin | saras-sèrès kewala ||

21. botên bodhol gulune satunggil | bundhêl cinangkêrêm botên pasah | Ki Bayi gumuyu linge | bêgja têmên sirèku | pamulane têguh kang pêksi | Kulawirya turira | inggih yêktosipun | kula nyoba Jamil Jamal | kèn nyarati têguh supaya tan kêni | sinaut alap-alap ||

22. Samya nolih sadaya kang linggih | Kyai Bayi ngling malih prayoga | padha anelat sarate | sadaya sarêng muwus | samya takèn sarating pêksi | (n)Jêng Kyai andikanya | gus Jamal Jamilun | tulunga amrih manpaat | karya tulus sukane sêsami-sami | Jamil matur sandika ||

23. Inggih gampil saratipun nênggih | apan inguntalan lancêng pêthak | balêndhuk§ Prayoginipun / balendok /. gêbang lan malèh | jamur lot jamur paku | insa Allah têguh kang pêksi | sarate pêksi kewan | pan punika têguh | Ki Kulawirya anabda | kang Pangulu Basar anganèh-anèhi | akèh wong (ng)gêtak dara ||

24. Kang Pangulu (ng)gêtak bèbèk brati | kabèh menthoge samya kalangan | niku punapa sababe | lir dara nglawat muluk | Ki Pangulu mèsêm nauri | inggih pun adhi Jamal | apan akalipun | kula dhih-dhih dhèdhèwèkan | nuntên menthog-kula dipun-sarati |Kurang satu suku kata: nuntên menthog-kula dipun saratani. wikana kang kinarya ||

25. Nanging punika cacade kêdhik | lamun botên wontên adhi Jamal | menthog maksih mènthèk-mènthèk | pan datan sagêd mabur | sanès lamun wontên dhi Jamil | menthog sagêd anglawat | lir dara amuluk | dugikula sosopakan | dene botên sagêd awèt ibêrnèki | sangêt cuwaning manah ||

--- 7 : 91 ---

26. Kulawirya gumuyu nauri | malêm§ Prayoginipun / ngalem /. têmên kang Pangulu Basar | mring Jamal Jamil mitrane | akèh paedahipun | sakarêpe dipunturuti | Ki Bayi lon ngandika | ya wong mono yèn wus | kacondhongan barang karsa | nora nana karone sumêlang ngati | datan taha-tinaha ||

27. Matur inggih kasinggihan ugi | angling malih Ki Bayi Panurta | mring putra Sèh Mongragane | mênggah raosan ngèlmu | siyos wurungipun kêdadin | inggih kadi punapa | ing wiwinihipun | Sèh Mongraga aturira | apan inggih kêdah uninga ing uwit | pan sadasa prakarsa ||

28. Inggih wajib punika ngyêktèni | sabab gêr-ugêr dadya pratandha | saèstu tan kenging wèng-wèng | inggih ingkang puniku | sawab prêlu wiwinih ngèlmi | kang sadasa prakara | nênggih kang rumuhun | witing ngèlmu pan sahadad | de rusaking ngèlmu tan anut ing Nabi | agama Rasullolah ||

29. Ingkang kaping kalih witing urip | inggih takyun liring takyun nyata | anyatakkên ing bêcike | ingkang mungayan kusus | de kang dadya rusaking urip | munkir ing pêtakonan | rahayu ing tuwuh | kaping tiga witing pêjah | mapan ajal witing ajal kang ngawruhi | purnaning sangkan paran ||

30. Rusaking pati tan angsal tuding | pituduhing guru ingkang wus man | kaping pat witing imane | mung panarimanipun | liring panarima lêstari | tan ana mêlanging tyas | muhung ing Hyang Agung | rusaking iman pan ilat | lacut mènclèmencle. pêncêlutanira kangsil | ing gangsal witing pana ||

31. Mapan inggih sokur maring tokit | lire tokit tekat kang santosa | dene rusaking tapane | alaba§ Prayoginipun / aloba /. mamah mumuh | tyas kumêlap manggung kuwatir |§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / kwatir / [Sudah tepat: kuwatir]. kaping nêm witing amal | nênggih eklasipun | liring eklas tan pepeka | rusaking amal punika tanpa ngèlmi | kang wajib lan kang mokal ||

--- 7 : 92 ---

32. Kaping sapta witing laku nênggih | apan niyat liring niyat ingkang | kasdu kang tan na kêndhate | rusakipun ing laku | ingkang tanpa sêdya ing ati | ping wolu witing salat | kang krana Lah-ipun | liring krana Lah tan susah | pan rusaking salat rubedaning ati | ping sanga witing swarga ||

33. Apan anut ing kabar kang yakin | liring kabar yakin pan sarengat | dalil kadis ijêmake | rusaking swarga nêngguh | pan suwala hawa lan budi | sadasa witing nraka | tan anut ing Rasul | lire tan anut analak | rusaking nêraka mênang jangkêpnèki | kang myarsa suka rêna ||

34. Kyai Bayi angandika aris | iku padha rasakna prayoga | urip kudu wruh uwite | ana geyonganipun | sèngga jala wruh pupusnèki | ahliya pira-pira | anggeyong puniku | sadaya kang anèng ngarsa | samya matur nuwun kasinggihan ugi | pratikêle agêsang ||

35. Angling malih (n)Jêng Kiyai Bayi | iku besuk ing malêm Jumungah | anakmas ing pangalihe | arahku mêngko dalu | akataman ing malêm Kêmis | nuli malême Jumngah | dhikiran Maulud | de sarèhning kana rupak | ya kêjaba nèng pandhapa bae ngriki | kurmat Nabi salawat ||

36. Samya umatur inggih prayogi | angandika lah wis Jayèngraga | mêngko ing bakda Ngisane | rêmbugên lan pamanmu | timbalana pra lurah santri | kang putra tur sandika | myang para rinipun | lah uwis padha bubaran | samya nêmbah lèngsèr saking ngarsa mijil | Pangulu samodinnya ||

37. Parèstrine samya tan na kèri | (n)Jêng Kiyai kundur maring wisma | Sèh Mongraga lan garwane | marang panêpènipun | Ni Sumbaling lawan Cênthini | angatag kancanira | kinèn akêkêlut | sadaya wus rinumatan | wus mangkana yata kawuwusa santri | ing wanci bakda Ngisa ||

38. Ing wisma nyar sami pinêranti | ginêlaran lampit myang kalasa | myang pandhan kêrêp jèjère | bantal-bantal atêpung | sinêbaran kang bungah ramping | sêkar anjrah jêrambah | ingkang campur bawur | Ki Bayi bakdanya salat | pan pinarak lan

--- 7 : 93 ---

kang putra Sèh Mongragi | nèng ngriku ing wisma-nyar ||

39. Nulya ingkang putra lan para ri | Ki Pangulu lawan pinituwa | lurah-lurah sadayane | wus tata dènnya lungguh | Kyai Bayi ngandika aris | lah Pangulu Bismilah | wiwit tata darus | Ki Pangulu gya têkabal | lahu minkum mina wa minkum ya karim | santri kèh barung samya ||

40. Langkung gumuruh swaraning santri | umyang mabyungan sru tanpa rungwan | swaraning santri sakèhe | dangu dènnira darus | pan wus angsal tigang jus nuli | lèrèn sami nyamikan | eca samya nutug | wusnya dènnya wêwedangan | (n)Jêng Kiyai Bayi angandika aris | mring putra Sèh Mongraga ||

41. Wawi nakmas andika wiwiti | wit kataman surat Kadsaminga | ing tigang jus upamine | lajêng ing candhakipun | jus Tabarok candhake malih | kaping tiga jus Ngama | ing saturutipun | Mongraga matur sandika | nulya wiwit jus Saminga apatitis | pasekat kir'atira ||

42. Datan mawi tuladha angaji | kadya wus apil musakap Kur'an | tan inang kandêl tipise | myang panjang cêndhakipun | kang mad lajim wajib lan jais | miwah têsjid lan kasar | tan ana kêliru | sambada lan swaranira | ngalêp-alêp ulêm êmpuk rum amanis | sêdhêng srune ririhnya ||

43. Sajak Yaman pemuling klawêrsin | alon wilêd larasing biyola | kang myarsa lir runtuh tyase | layu-layu anganyut | sakathahe pra santri-santri | kang sami ahli-kir'at | manahe awêlu | rumaos datan kaduga | ngaos Kur'an tan ana èmpêre kêdhik | kang kadya Sèh Mongraga ||

44. Wus antara dangu praptèng akir | surat Eklas winaos ing kathah | ping tiga lajêng ratibe | dhikirira gumuruh | sadayanya rahabe sami | wuse dhikiran donga | gantya nasibipun | bakda kataman sêlawat | alêlagon nulya sêsalaman sami | pragat kèndêl sadaya ||

45. Sinulêdan pandam wus waradin | samya ngaso-aso sayahira | Ki Bayi rum andikane | mara Luci dèn-gupuh | kêndhurimu wêtokna sami | santri Luci asigra | nata ambêngipun | panganan [pangan...]

--- 7 : 94 ---

[...an] wus binêrkatan | ambêng sêkul tumpêng golong lan kêbuli | pulên wuduk lan purna ||§ / Prayoginipun / punar /.

46. Luci Nuripin sarewangnèki | rumat dènnira tata ambêngan | umatur wus sadayane | Ki Bayi lon amuwus | hèh Pangulu Ki Basarodin | lah sira donganana | ya Majêmuk Rasul | kajat-manira sung dhahar | amumule (n)Jêng Pra Wali (n)Jêng pra Nabi | (n)Jêng pra Ratu sadaya ||

47. Mule luhur saking jalu èstri | lan mumule luhuring pra janma | ing sanusa Jawa kabèh | lawan sêlamêtipun | anak êmas sang pinangantin | lan sêlamêting brayat | kabèh anak putu | ing sadesa Wanamarta | Ki Pangulu sigra wau andongani | Rasul Majêmuk mulya ||

48. Ambata-rubuh amining santri | wusnya katam kêndhuri dinongan | samya mapan pangêpunge | ingancaranan sampun | samya wijik lajêng abukti | rame dènnira nadhah | samya sêngkut-sêngkut | dhasar kêcut sore mula | saking sangêt rahabe dènnira dhikir | langkung pikantuk nadhah ||

49. Antara wus dangu dènnya bukti | nulya samya wêwanting luwaran | kêndhuri samya binage | waradin pandumipun | ambêntoyong kèh brêkatnèki | nulya samya pamitan | limilanlinilan. sadarum | bubaran sadayanira | Kyai Bayi angling marang lurah santri | kabèh sira kariya ||

50. Ana kene ya aja na mulih | padha mêlèka natas raina | karo Luci Nuripine | kang liningan umatur | sadayane anyêndikani | Kyai Bayi Panurta | lan Mongraga kundur | kang rama malêbèng wisma | Tambangraras amêthuk kang raka sarwi | manêmbah ngaras pada ||

51. Sang dyah lungayanira tinarik | sarwi manis arum wuwusira | iya wus sun-trima Nikèn | payo padha andulu | marang panjungkungan panêpin | nulya kering Ni Tambang | -raras lan kucumbu | wus prapta ing pamêlêngan | lajêng maring patirtan mèt toyastuti | katrine wusnya kadas ||

--- 7 : 95 ---

52. Malbèng tajug samya tangat aglis | rolas rêkangat dadya nêm salam | pêragat sunat tasbihe | ngangkat sunat tahajud | kalihwêlas rêkangat malih | sawusira nêm salam | katrap wiritipun | asuhul marang Pangeran | liyêp layap jênêk prasanak ing pati | patitising paningal ||

53. Datan kalêmpit ing agal alit | padhang tan kumalendhang katingal | wus sêsangat panyungape | sawusira akasud | Sèh Mongraga lawan kang rayi | wungu dènnya kulina | wau Sèh Mong luhung | jamhur Mongraga ngandika | yayi Nikèn Tambangraras babing Kadis | kang sinihan ing Suksma ||

54. Abubakar Umar Usman Ngali | lawan malih Hyang Agung sihira | mring wong mati prang sabile | lan mati sahid ikutiku. | miwah marang ing para wali | kabèh kang sami bengat | rosa salat tasjud | tuwin kang asalat Luka | langkung asih mungguh Hyang Kang Maha Sukci | mring mukmin kang samya kas ||

55. Kang sugih ngèlmu rosa ngabêkti | sih Hyang Agung ngluwihi manungsa | kang mati sabillolahe | ngapura dosanipun | anèng donya prapta ing akir | pacangan gaganjaran | wong mangsit ing ngèlmu | kitab Lulbab wus angucap | manungsa kang padha rosa-rosa dhikir | yèku luwih utama ||

56. Apan laillaha illalahi | Muhamadun Rasullolahi sam | tinimbang lan prang sabile | mukmin kang bingat iku | rosa salat lan rosa dhikir | myang rosa andêdonga | andongakkên iku | sapêpadhaning wong Islam | ingkang atut sêsanak rahayu budi | badane dadi mulya ||

57. Kitab Lulbab kang wus rasèh yayi | angandika (n)Jêng Nabi Muhamad | e umadingsun sakèhe | sing sapa ingkang kasud | salat Luka ing wêktu enjing | nalika dina Jumungah | sadurunge bêdhug | iya ing patang rêkangat | rêkangat kang dhihin wêwancannirèki | Patekah kang sadasa ||

58. Nulya ping sadasa ayat Kursi | lawan Kulya-ayu ping sadasa | Kulhu ping sadasa malih | lan Palak ping sapuluh | ping sadasa surat Binasi | rêkangat pindhonira | tan na bedanipun | gumulung kawan rêkangat | bakda maca aspagpirolahastagpirolah. hal ngalim | ping pitungpuluh papat ||

--- 7 : 96 ---

59. Lawan sêlawat atasing Nabi | iya kaping pitungpuluh papat | adhikir napi isbate | utama kongsi suwe | yèn wus rampung dhikirirèki | atasbèh ping sadasa | nulya sujud takrub | (n)Jêng Nabiullah ngandika | ganjarane padha lawan aprang sabil | iya ping pitungdasa ||

60. Lan sinami ganjaranirèki | (n)Jêng Nabi Ibrahim ganjarannya | lawan pinèpèt margane | ing kêmlaratanipun | pan binerat repoting budi | binuka marga mulya | kasugihanipun | kajate duk anèng donya | pan wus têmtu tinêkan dera Hyang Widdhi | barang kang dadya kajat ||

61. Dinoh pitungpuluhe wus sikir | tênung têluh upas tan tumama | rahayu donya kerate | apan ginajar luhung | wong kang salat Luka ing enjing | sunat limang prakara | Luka kang rumuhun | sunat Wabin kapindhonya | ping tri Winal-witri raka-atal witri | Tahajud ping sakawan ||

62. Kaping lima sunat tasbih yayi | iku padha gêdhe paedahnya | namung Luka pangarêpe | iku yayi dèn-kasud | nêmbah muji marang Hyang Widi | dèn-narima ing titah | sihe Hyang Maha Gung | kang garwa matur anêmbah | inggih mugi lulusing brêkah kapundhi | donya praptèng akerat ||

63. Akiring ratri wus pajar gidib | adat swabawaning jing-enjingan | pêksi asauran rame | kang adan nganyut-anyut | sri sarênti angalik-alik | Sèh Mongraga sagarwa | katri lan kucumbu | sawusira samya kadas | manjing tajug lajêng adan sèh Mongraga | swara arum araras ||

64. Miwah nyai-nyai lan parèstri | sadaya samya mantuk Mongraga | ing tajug wingking panêpèn | wusing sunat sadarum | Sèh Mongraga ngadêg ngamati | lajêng ngimami ngangkat | amaca tangawut | niyat usali parêlan | Subêki rakangatèni imamamiimamani. | pan lilahi tangala ||

65. Allahu akbar iptitahnèki | akbar kabiran wal kamdulilah | -hi kasiran ing lajênge | pan supkanalah buk | -ratan wa asilani inni | wa wajêhiya |Kurang dua suku kata: wajahtu wajêhiya. liladi patarus | samawati walarla |Kurang satu suku kata: samawati wala arla. kanipan wa musliman wa ma ana min | -nal musrikina inna ||

--- 7 : 97 ---

66. Salati wa nusuki anuli | wa mahyaya wa mamati lilah | -i rabil ngalamin age | wuse Patekahipun | apan surat Sujada mawi | andhêge sinujudan | wangsul adêgipun | akire wus Alpatekah | surat Kasar adangu wawancanèkiwawacanèki. | kêlangkung tumaninah ||

67. Wusing Kunut praptèng tahyat akir | sabakdaning salat pupujiyan | parèstri arum swarane | manis lir rêbab barung | angrêringik mêrit jêlêrit | nyênyête kawilêdan | ulêt nganyut-anyut | arêmpêg nyamlêng tan ura | mêmbat landhung lir dêmung dèn-pênêrusi | swarèstri rum araras ||

68. Dêlah dhikir lêlagon amanis | miwah dhikir santri kering kanan | samya sarênti swarane | wus samya bakda Subuh | Sèh Mongraga mêksih amuji | akasut tangat Luka | garwa lan kucumbu | wau Ki Bayi Panurta | nèng pandhapa sarta saosan sumaji | dhaharan jing-enjingan ||

69. Nulya ingkang putra kalih prapti | miwah Ki Pangulu myang pra kadang | samya prapta sarayate | sarwi (m)bêkta pakintun | sêkul ulam dharan mawarni | atap sila nèng ngarsa | kadya sabênnipun | Sèh Mongraga sawusira | tangat Luka nulya mijil lan kang rayi | marêg marang pandhapa ||

70. Ingkang lênggah samya angingsêdi | wus prayoga dènnya tata lênggah | kinêkêt dhêdhaharane | Ki Bayi lon amuwus | lah wis payo paran inganti | padha mêmadhangan |Kurang satu suku kata: padhaa mêmadhangan. iya mupung esuk | mara ta kono wisuha | kang liningan agupuh samya wêwanting | adan lêkas anadhah ||

71. Nutug dènnya pan samya abukti | jalu èstri tan ringa anulya | luwaran ambêng binage | barêkat sadaya wus | gantya kang dhêdharan mangarsi | samya anyênyamikan | manangsêgi nutug | Ki Bayi alon ngandika | mring kang putra miwah marang para ari | mêngko malêm Jumungah ||

72. Adhikiran Mulud kurmat Nabi | sesuk ing wayah bakda Jumungah | kakangira pangalihe | bênêr tanggal ping têlu | mungguh sangat Ahmade lingsir | wayah bakda Jumungah | apa ya tan luput | priye kowe kono padha | apa bênêr etungku Ahmade lingsir | samya matur sadaya ||

--- 7 : 98 ---

73. Inggih lêrês Ahmadipun lingsir | Ki Wirya ngling dospundi kang Basar | mêngko kaya biyèn kae | etunge bliwar-bliwur | Ki Pangulu mèsêm nauri | lagi luput sêpisan | tan wande wus uwus | gumuyu Ki Kulawirya | kang Pangulu Basar tan nganti patitis | sajèn (n)dêdonga ruwah ||§ Prayoginipun / sèjèn donga Biruwah /.

74. Lapaling donga ya nora titis | mung swara bae gumrêmêng ngombang | tan karuwan kalimahe | Ki Pangulu gumuyu | pedah napa (n)donga kêndhuri | sok mungêla kewala | inggih sampun rampung | Ki Bayi gumuyu nabda | iya bênêr maningan Ki Basarodin | saking pahaming donga ||

75. Samya gumuyu sadayanèki | angguguyu mring Pangulu Basar | Ki Bayi lon andikane | bagenên nyamikanmu | nulya sami bubaran mulih | agêpah kang liningan | kang pangandika rum | nulya sami aluwaran | Sèh Mongraga tumama marang panêpin | lan Nikèn Tambangraras ||

76. Tan cinatur siyang nulya ratri | bakda Ngisa ing malêm Jumungah | Kyai Bayi Panurtane | anèng pandhapa lungguh | santri Luci lawan Nuripin | samya ngrukti dènnira | badhe dhikir Mulud | sadaya wus rinumatan | nulya ingkang putra kalih samya prapti | Pangulu lan pra kadang ||

77. Miwah pra santana magêrsari | para lurah santri samya prapta | angirit sarèh-rèhane | dhatêngira andulur | samyambêkta obor lan êting | anglir konang satêgal | upêt miwah sumbu | wus samya praptèng pandhapa | atanapi obore wong niningali | tan ana bosênira ||

78. Sawusira samya tata linggih | santri Luci ngatak kasinoman | kinèn nyaoskên ladène | sêkar lan konyohipun | pawohane gembol tap-sirih | pateyan myang panganan | ambanjêng nèng ngayun | wusing sumaji sadaya | Kyai Bayi Panurta ngandika aris | lah wis payo Bismillah ||

--- 7 : 99 ---

79. Wiwitana sira Jayèngwèsthi | lan adhimu Jayèngraga singira |Lebih satu suku kata: lan adhimu Jèngraga singira. ya mêngko sun milu bae | kang putra sandika wus | amiwiti sêlawat dhikir | lêlagon sajak Arab | ambiyola pemul | sinauran santri kathah | rame santri swarane gumuruh atri | suwuk maca sêlawat ||

80. Rambah-rambah gêgêntènan singir | tuwin gantya kang maca ruwiya | para lurah sadayane | antaranira dangu | nutug dènnya arawi singir | praptèng akir sêlawat | suwuk sadaya wus | nulya kêndhuri pinasang | ambêng sêkul panganan sarya di-adi | kalihwêlas ambêng wrat ||

81. Tuwin ambêng panganan gêng sami | dènnira tata wus pinrayoga | Ki Bayi lon andikane | wus Bismilah Pangulu | donganana lir sabênnèki | kurmat Nabi kalawan | mumule luluhur | lan slamête wong sadesa | matur inggih Ki Pangulu Basarodin | gupuh lêkas andonga ||

82. Sinauran amin para èstri | ambal-ambalan ambata-rêbah | wuse nutug pandongane | Ki Bayi lon amuwus | wus pintanên kabèh hèh Luci | matur sampun samêkta | ing sapethakipun§ Prayoginipun / sapetakipun /. | lah wus kono payo padha | ngêpung ambêng iya mirani panduming | gupuh ingkang liningan ||

83. Samya têpung angêpung kêndhuri | sadaya wus samya wiwijikan | lan lêkas nadhah sakèhe | rame pating kariyuk | dhasar samya sayah adhikir | tandange rosa-rosa | athêkul lir kaul | kumaroyok yêl-uyêlan | tanganira lir bèbèk dèn-pêpakani | nutug sasuwenira ||

84. Aluwaran ambêng gya binagi | wus warata sêkul lan panganan | ambêntoyong barêkate | sawusira kadyèku | samya pamit linilan mulih | kabèh barêng bubaran | mundur saking ngayun | Ki Bayi malêbèng wisma | Sèh Mongraga kundur mring panêpèn wingking | pinêthuk garwanira ||

--- 7 : 100 ---

85. Nikèn Tambangraras lan kucumbi | tundhuk lajêng samya mring patirtan | sami mèt toyastutine | sawusira awulu | katri mangsuk ing tajug nuli | atangat ing palilah | têsbih lan tahajud | sabakdanira atangat | wus mêngkana luwaran dènnira mupit | asalam mring kang garwa ||

86. Sarta paring salam mring kucumbi | lênggah akaliyan ingkang garwa | Sèh Mongraga lon dêlinge | kawruhana sirèku | wong tumitah alamdonyèki | kudu wêruh ing asal | andikaning Rasul | sing sapa kang wruh sarira | aprasasat iku yayi wruh ing Widdhi | kadwi iku parentah ||

87. Tan kêna ora kudu ngawruhi | kang tan wêruh tan wruh ing kamulyan | kitab Ahka-modin§ = Ihyaa Ulumuddin. linge | kang samya rêbut kawruh | pêrlu êndi ngawruhi dhiri | lan ngawruhi Hyang Suksma | yêkti kang rumuhun | angawruhi ing sarira | kang wus kasêbut ing Dalil Kadis yayi | wit ananing manungsa ||

88. Saking kodratira ing Hyang Widdhi | pan wus katartanton ing kukumah | dinadèkkên kitab kiye | saking toya kang antuk | mêtu ing iga wêkasan yayi |Lebih satu suku kata: mêtu iga wêkasan yayi. lan saking tulang dhadha | kocap wartanipun | ing kitab Ajadul-ngibat§ Ijadul-ngibat (?). | subkana wa tangala Hyang Maha Sukci | nitahakên manungsa ||

89. Purwa paguting manikêm yayi | bengating rasa èstri lan priya | nalikèng kono dadine | akadiyat lan takyun | durung arah ênggonnirèki | kantha warnambu rasa | durung anèng dunung | nanging pêsthi ananira | nukat gaib ing dalêm patpuluh ari | gaibul guyub rannya ||

90. Alamipun alam laut yayi | pêtêng ing apêtêng sêsananya | pêtêng ing kalbu jatine | praptèng antaranipun | ing patangpuluh ari malih | wahdat kun ingha§ Prayoginipun / kun hiha /. gyannya | undêr-undêripun | kun ing gaib uluwiyah | mêksih samar tan pêtêng tan padhang kalbi | malakut alamira ||

--- 7 : 101 ---

91. Ping tri kawandasa dina malih | makidiyat kun ahya pan lagya | rah kêmpêl nèng panggonanne | gaib uwiyah iku | asêsana padhanging kalbi | nasut§ Prayoginipun / nasrut /. pan alamira | ping pat patangpuluh | dina alam arwah lagya | daging kêmpêl alam jabarut mêngkoni | ing dalêm patang alam ||

92. Gaib sububun iya mêngkoni | iya ing alam patang prakara | alam arwah têtêngahe | watêse gaib têlu | kang wus kocap mau yayi |Kurang satu suku kata: kang wus kocap duk mau yayi. praptèng patpuluh dina | ngalam ajêsan wus | gatra nanging durung cêtha | ing panggawe saking kodrating Hyang Widdhi | mêrtabating manungsa ||

93. Ping Nêm patangpuluh dina singgih | ngalam misal ing kono nalika | wus cêtha kabèh gatrane | lanang lan wadonipun | nanging taksih hakekat sami | ping sapta kawandasa | dina malihipun | ngalam insan-kamil rannya | wus sampurna martabating manungsèki | wus pilah antaranya ||

94. Umuring martabat iku yayi | pan rongatus patang puluh dina | jangkêp ing sangang sasine | punjul sapuluh dina | sarat sipat manungsa dadi | anulya tinulisan | wêwatêsing umur | cêndhak dawa wus kinarya | miwah bêgja cilaka sugih lan miskin | gêng alit luhur andhap ||

95. Mulus cacad ala lawan bêcik | wus nèng duryat kodrating Pangeran | tan wuwuh kurang wus pêsthèn | nèng jro garbaning biyung | praptèng mangsa ing sangang sasi | manungsa binabaran | kadhang kirang langkung | kang adangdan sinaosan | ingkang kocap ing kitab Kesah§ Prayoginipun / Tasrèh /. puniki | sirah iku sinungan ||

96. Saubênge myang têngah sinungi | cacahing bêbalungan kawandasa |Lebih satu suku kata: cacahing bêbalung kawandasa. dene kang anèng kupinge | mangka nampani rungu | sinung pitu balungirèki | lan saubênging grana | sapangisoripun | saubênge mukanira | sarta lan kang saubênge gulu nênggih | sinung balung cacahnya ||

--- 7 : 102 ---

97. Apan tigangdasa langkung kalih | sêsaking gulu pan sinungan |Kurang satu suku kata: sêsaking gulu apan sinungan. pan pipitu balung kèhe | bêbalung ilam wujud | namanira lan cacah malih | balung nèng ula-ula | kèhe pan patlikur | ginêbang sadayanira | kang bêbalung rongatus wolu kèhnèki | sinungan otot samya ||

98. Ingkang tanpa êrah kèhirèki | pitungatus langkung pitungdasa | de otot kang mêtu gêtèh | satatussaptatus. pitungpuluh | kang kawêngku jro badanniki | ngasib ètar ngilalat | otot lan bêbalung | cacahe jroning sarira | sèwu sangangatus sangangpuluh katri | gêbagane sadaya ||

99. Sabên-sabên manungsa sawiji | jroning badan tinêngga malekat | sèwu sangangatus malih | sangangpuluh têtêlu | kang satêngah kaol mung siji | malekate puniku | kabubuhan tunggu | nèng jro badaning manungswa | wusing mangsa mêtu saking ibunèki | turun mring ngalamdonya ||

100. Barêng nalikaning panjingnèki | lan wêtune duk nginul nèng donya | sinungan nugraha dene | pangucap lan pangrungu | pêningal lan pangambunèki | budi wus pinêpakan | nalikaning ngriku | pinaès-paèsan nikmat | pira-pira kanikmatan yèn winilis | kanikmating manungsa ||

101. Kang umadêg kang kalawan urip | pan kinarya punjuling sasama | kang tumitah donya kabèh | mila undhang (n)Jêng Rasul | padha sira sukur ing Widi | rèhing sinungan nikmat | pira-pira agung | kinarya kacèk sêsama | katujune beda lawan kêbo sapi | unta kuldi andaka ||

102. Iku samya kêdhik nikmatnèki | iya pantês nora micara-a | mung manungsa kèh nikmate | milane wajibipun | kudu sukur anikmanyèki§ Prayoginipun / nikmat donyèki /. | paparinging Hyang Suksma | kang narimèng tuwuh | ewa mangkono tan kêna | yèn pêsthining ala dilalah kudu nir | ihtiyar datan ana ||

--- 7 : 103 ---

103. Milane beda-bedèng sasami | dene ingkang kurang ihtiyarnya | yêkti kelangan drajade | kayata paminipun | panas adhêm têlês lan aking | usik mênêng upama | iku rupanipun | adhêm ngilangakên panas | panas ngilangakên adhêm miwah osik | ngilangkên êningira ||

104. Ala ngilangakên maring bêcik | bêcik ngilangakên maring ala | kabèh ing sapêpadhane | êndi ênggoning kurup | pan ing tiyang iku pamilih | lamun miliha ala | ala kang tinêmu | nora kêna winicara | yêkti sato kewan pêpadhane yayi | marmane kang manungsa ||

105. Amiliha tabiyat kang bêcik | ujaring Dalil yêkti kapanggiya |Lebih satu suku kata: ujaring Dalil yêkti kapanggya. jro Dalil kono rasane | jwaywa. pepeka ing kawruh | yèn pepeka sasar pinanggih | dèn-amrih kadadeyan | panrimanirèku | besuk yayi Tambangraras | yèn pinarêng sira kalawan mami |Kurang satu suku kata: yèn pinarêngna sira kalawan mami. suhul ing karasikan ||

106. Aja kongsi singsal imanèki | ing kono ênggone bote coba | yèn wiwal wurung kêdadèn | geyongana dèn-kukuh | mring ragane ngèlmu sajati | jatine kaanan dat | -tira Kang Maha Gung | ywa katiyup ing dadakan | basa dadakan nênggih punika eblis | têkanyar ngangah-angah ||

107. Tambangraras myarsa sabdèng laki | lir pinantèk tyasira santosa | pratisthèng kawruh pêpêsthèn | tan kalêmpit salulut | kêcap ucap kêcakup kapti | matur saha wotsêkar | ngraup padèng kakung | mugi saèstu antuka | brêkah tuwan wijajah kojah mèngêti | sung padhang ing ngamamak ||

108. Datan nêdya amèmèngèng angling | yata ing wêktunira ijabah | pajar gidib antarane | swara bawaning bangun | gantêr putêr bênggala muni | prêkutut munya raras | anduduk kêlayu | kikèring kate bêkisar | kolik akik lan tutuhu amêlingi | gumyah kêluruk samya ||

109. Sang Mong luhung angandika aris | babo yayi mring patirtan kadas | mumpung awal utamane | dyah tan lêngganèng kayun | lan kucumbu cèthi Cênthini | tan têbih nèng wurinya | samya mèt toyastu | -ti riwusira kadas |Kurang satu suku kata: ti riwusira akadas. Sèh Mongraga adan swara

--- 7 : 104 ---

sawatawis | arum ulêm kêmandhang ||

110. Nulya sabên ing tajug pra santri | santri sarênti kang tangi adan | pating karêlik swarane | apan wus adatipun | sabên wêktu Subuh swabawi | sri asrining desarja | rum-ruming krajan gung | Malarsih lan pra wadonan | samya nglaras samya makmum mring Mongragi | kalangkung rahabira ||

111. Yata prapta bakda Subuh enjing | Sèh Mongraga sakbadaningsabakdaning. Luka | samya mijil lan garwane | marêk ing ramanipun | Ki Bayi wus anèng pandhapi | sasaosan samêkta | andhèr anèng ngayun | gya kang putra kalih prapta | Jayèngwèsthi lan kang rayi JèyèngragiJayèngragi. | Pangulu lan pra kadang ||

112. Lan sêrayat kadya sabênnèki | sadaya samya (m)bêkta punjungan | lajêng tinata dharane | wus tata anèng ngayun | Kyai Bayi ngandika aris | mêngko bakda Jumungah | kabèh rèh-rèhanmu | kon banjur angiringêna | pangalihe kakangira Amongragi | mangetan mring wisma nyar ||

113. Samya matur sadayanya sami | angling malih payo sêsèmèkan | mumpung parêk rêjêkine | kang liningan agupuh | samya nyandhak wantingan wiwijik |Lebih satu suku kata: samya nyandhak wantingan wijik. adan lêkas nadnah ||Kurang satu suku kata: adan lêkas anadhah. aroyom pikantuk | anutug sadayanira | wus antara ambêngan kinèn anyarik | sigra dinum barêkat ||

114. Sêkul pêpanganan wus binagi | wis padha mulih aparentaha | rèrèhanmu dhewe-dhewe | sandika nulya mundur | Jayèngraga Kulawiryèku | tan mundur mêksèng ngarsa | Ki Bayi lon muwus | sirèku tan milu mentar | lah wis sira miluwa banjur ngrewangi | bakyumu tata-tata ||

115. Samya matur sandika para ri | angling malih marang garwanira | Rubiyah rakitên age | gagawane anakmu | mumpung esuk ruktinên nuli | Luci Nuripin sira | kabèh sakancamu | ladènana nyainira | gupuh Ni Malarsih mundur sarwi nuding | Jèngraga Kulawirya ||

116. Payo padha rewangana mami | dangdan-dangdan sigra kang liningan | samya malbèng dalêm gêdhe | Ki Bayi tumut mangsuk | Sèh Mongraga marang panêpin | kalawan garwanira |

--- 7 : 105 ---

yata ingkang ibu | kang lagya ngrukti babêktan | lan Jèngraga Kulawirya jalu èstri | samya numpa dangdanan ||

117. Cênthini lan Sumbaling ngladèni | ngalêmpakakên kagunganira | Tambangraras papancène | barang sadarbèkipun | liya gawan saking bunèki | kèh warnining dangdanan | kabèh sarwa saput | sabarang pan pinêpakan | rowa ringkês samya rangkêp sadayèki | kang langkung kathahira ||

118. Nulya kinèn samya angusungi | marang mangetan ing dalêm anyar | santri Luci Nuripine | jalu èstri abikut | mikul (ng)gendhong ngindhit anyangking | manggul wênèh andhabyang | liwêran asêlur | ingkang nata anèng wetan | Jayèngraga Kulawirya jalu èstri | tan dangu ingkang prapta ||

119. Jayèngwèsthi lan garwanirèki | sawusira mring kilèn mangetan | samya adhokoh ing gawe | pra jalu angkat junjung | kang parèstri majang tilamrik | Cênthini anggêgênah | pan pinitaya wus | (ng)gonning sakèhing kagungan | sadayane manut tudinging Cênthini | prênahe kang dangdanan ||

120. Nèng gêdhongan kilèn wetan tuwin | abrag-abrag miwah sisimpênan | grobog pêthi kothak kêpèk | sadaya wus dinunung | kobong têngah sinarwa putih | tan ewah lir waunya | sarèrèkanipun | sauyun seta sadaya | kanan kiri pêtani seta ingapit | kakobong garènjèngan ||

121. Maksih saking kilèn pan ngewahi | traping sadaya ing patilêman | kêkawal myang gubah cindhe | lir tan ngalih (ng)gènnipun | namung kaot wiyarirèki | ripak dalêm kang wetan | Ni Malarsih wau | mêngetan ing lampahira | lan Ki Bayi alon dènnira lumaris | ningali pasang reka ||

122. Wus miranti gênah sadayèki | malah saya mundhak pelagira | tumrap nèng wisma nyar pae | Malarsih lon amuwus | pan wus rumat dènnira ngrukti | pasang rakiting pajang | myang dandananipun | Nikèn Turida turira | inggih sampun purnama sadaya sami | Cênthini kang mêmatah ||

123. Paran tudingipun (m)bok Cênthini | punika kang sampun pinitaya | ing putra paduka Nikèn | kang ibu ngling ya sukur | iya

--- 7 : 106 ---

layak dèn-pitayani | wong wus tyas tan sulaya | kêcondhongan kalbu | kaya wus karsaning Sukma | Nikèn Tambangraras pinaringan kanthi | Cênthini cèthinira ||

124. Uwong mono êbèng sun titèni | ing pêpancèn bêcik lawan ala | kaya si Cênthini kuwe | beda duk cilikipun | langkung cengkre bêngis nênangis | marang bokayunira | tansah anjêjagur | mêngko sungkême kalintang | nanging thithik mambu sanake (n)Jêng Kyai | inggih Kyai punika ||

125. Pun Cênthini kaprênah punapi | lan Ki Bayi alon wuwusira | sanak mindho jêge bae | putune kaki Sampur | prênah tuwa lan eyang mami | sutanta Tambangraras | nguwa prênahipun | mring Cênthini ngong angakang | wus pinêsthi kang Cênthini dadi kanthi | kanthine Tambangraras ||

126. Iki apa ora wus miranti | yèn ijèh ana kang kukurangan | liyane duwèke dhewe | Malarsih lon umatur | inggih sampun saput piranti | anjawi yèn wontêna | ing panuwunipun | amba tan rumaos gadhah | anauri priye manèh wong sisiwi | kèh kêthikkêdhik. maring anak ||

127. Mundhak bêcik tilam anèng ngriki | wisma kadya wus kanggonan lawas | gumrining ing pandulune | putra ri samya matur | inggih lêrês mindhak prayogi | J Jèngraga ling lirihan |Lebih satu suku kata: Jèngraga ling lirihan. mring paman gumuyu | (n)Jêng Kyai lingira apa | dera gumuyu Kulawirya matur aris |Lebih satu suku kata: dera (ng)guyu Kulawirya matur aris. putranta Jayèngraga ||

128. Rêraosan owêl yèn marèni | rêbab mungêl suling lawan kêndhang | papathêtan suluk gêndèr | mendah ing patutipun | tan kuciwa dhasar wus apik | Ki Bayi angandika | ah akalmu iku | kang putra jrih sinasmitan | angling malih lah wis dandana kang bêcik | yèn bakda Jumungah ||§ Kirang sawanda, prayoginipun / amijil barjumungah / [yèn wis bakda Jumungah].

129. Rèrèhanmu kabèh jalu èstri | kaya sabênne padha ngaraka | mring kakanta pangalihe | nganggowa sarwa luhung | apan kari sapisan iki | ing laku panas padha | anggowa payung |Kurang satu suku kata: anganggoa payung. kang

--- 7 : 107 ---

putra matur sandika | dene sira Malarsih aywa sirèku | amijil barjumungah ||

130. Ngruktènana karya akêndhurikaryaa kêndhuri. | apa samêktane ingkang rumat | Luci nyêmbêlèha gudèl | loro bae wus cukup | Nuripin lan rèrèhanèki | kabèh ywa Jumungahan | nèng pawon bae wus | ladènana nyainira | latar tarubana watês latar nuli | wèhana tutuwuhan ||

131. Iya bênêr tuwuhanirèki | wis kasusutan bisa andadak | Ki Wirya matur wus akèn | ing mangke bêdhug sampun | lah ya sokur tujune kardi | Luci Nuripin sigra | mundur karya tarub | rinayap wong padhukuhan | maro karya anêmbêlèh dadèk gêni | jalwèstri olah-olah ||

132. Maksih anèng pawonne Ki Bayi | ubêkan kang samya olah-olah | têtarub adang gêgorèng | Kulawirya acakut | pêparentah kang nambutkardi | watak tan têlatènan | kang wigih dèn-krawus | anyandhak sabarang karya | balêdhog pring nyêblokkên cagak nalèni | asêngkut sadayanya ||

133. Pelag bêlandar cagak pring ori | kang anam janur samya ginêlak | kang wus ingunggahkên age | samya tinutusan wus | ingkang ngambil tuwuhan prapti | lajêng sami pinasang | nèng sakaning tarub | santrine Ki Kulawirya | prapta (m)bêkta kêmbar-mayang pan sêrakit | sinungkên wus tinampan ||

134. Tan antara têtarub wus dadi | ginêbêran ginêlaran kasah | wanci sapisan ing gawe | rêngrêng sakala singub | Jayèngraga sigra anuding | Jalalodin dèn-enggal | warahên sadarum | jalwèstri wong Wanamarta | mêngko bakda Jumungah banjura ngiring | ngarak mring sang pangantyan ||

135. Konên nganggo-anggo sarwa bêcik | sakadare iya kang prayoga | matur sandika gya lèngsèr | Ki Bayi lon amuwus | sêdhêng padha dandana mulih | putra ri tur sandika | samya mundur mantuk | Malarsih matur ing raka | lamun parêk kawula (n)dhèrèk samangkin | mêdali barjumungah ||

136. Ingkang kula pitadosi wingking | inggih pun bibi Daya kewala | tan sumêlang sadayane | lah ya karêpirèku | nulya kundur

--- 7 : 108 ---

Kyai lan Nyai | lajêng susuci siram | ing wanci mèh bêdhug | samya dangdan Jumungahan | Ni Malarsih mring panêpèn amanggihi | kang putra sakaliyan ||

137. Samya kinèn busana sarwa di | sarta sung busana nèng pênampan | pinilila sakarsane | kang putra matur nuwun | gya pinêngkêr kang putra kalih | kundur marang ing wisma | angladèni kakung | wau Ki Sèh Amongraga | ngagêm sarwa seta tigas alus gênis | srêban udhêng pasaja ||

138. Miwah kang garwa tan pae putih | sauyun seta lir panggihira | Cênthini tansèng ngarsane | nglêladèni abikut | gêm-agêman myang burat-wangi | sawusira mangkana | sang ro marêk ngayun | alênggah anèng pandhapa | Kyai Bayi ningali kang putra kalih | Mongraga Tambangraras ||

139. Kyai Bayi gupuh dènnya mijil | abusana pamèr Jumungahan | lir jêjaka sawangane | Malarsih anèng pungkur | lan pra wadon kathah ingiring | Ki Bayi lon ngandika | marang Sèh Mong luhung | suwawi pan sampun siyang | apan sarêng lampahe èstri nèng wingking | samya asêsong-songan ||

140. Praptèng masjid agêng tan asari | uluk salam sinauran kathah | parètriparèstri. nèng panggonanne | asunat sukril wulu | lan sunat tahyatal masjidi | santri ngaji gumêrah | maksih prapta kantuk | panganggene warna-warna | kang ngluwihi kang sêdhêng kang ukur rêsik | sadaya apamèran ||

141. Anêngahi bêncèt dèn-bêdhugi | barung kang bêdhug adhêrandhangan | wor santri kang darus rame | antara bêdhugipun | sinalahan suwukirèki | cêp mênêng tan angucap | sadaya aminggu | nulya ngadêg para kadang | Ki Suharja Wiradhustha lan Panukmi | Panamar Kulawirya ||

142. Yat-ayatan adan barung asri | asru swara landhung rum arampak | tan sarênti angkatane | wus dènnya adan wau | nulya sunat sadaya santri | gupuh Ki Jayèngraga | anyandhak cis sampun | ingalang majêng mangetan | mangkat mangasiral kang miyarsi wingwrin | sêmbada swara santak ||

--- 7 : 109 ---

143. Wusnya mangasiral andongani | tinampanan ing amin sadaya | gumêr swaraning santri kèh | tamat pandonganipun | Sèh Mongraga nampèni êcis | luk salam minggah kutbah | malbèng langse gupuh | Jèngraga maca sêlawat | kaping tiga nulya kang kutbah nauri | salam kaping sapisan ||

144. Nulya Jayèngwèsthi adan ririh | gumarênggêng sawusira adan | Mongraga maca kutbahe | kutbah daka tinêmbung | sajak Arab manis mlas-asih | pasekat kir'atira | panjang cêndhakipun | patitis marang kalimah | kang miyarsa rêmên tyase tan kadugi | mikrate aksaranya ||

145. Wus antara kutbah praptèng akir | katam gya donga Lingindil Islam | lajêng Tulak-bilaine | santri sadayanipun | tanggap santri barungan amin | wus puput donganira | Kulawirya gupuh | maca sêlawat akamat | nulya Kyai Bayi Panurta ngimami | atak-biratul-ikram ||

146. Nulya sadaya samya usali | sarta mawi sawiji mubalah | anggêmbor sêru takbire | wusnya takbir sadarum | cêp tan ana walang kang sisikkang sisik = alisik. | imam maca Patekah | swara muluh rêmuk | tung-tung anggêrathul mêmbat | nuju lapal walala landhung angapik | lir pêksi bêr mêdal pang ||

147. Wusing Patekah suratirèki | Hal-ataka hadhi suga siyah | wusing Patekah akire | Sabikis suratipun | nulya prapta tahyatira kir | asalam bakda salat | pupujian laju | dhikire ambata-rêbah | langkung rahab triatus sawusing dhikir | anumpa donga tama ||

148. Jayèngraga ngêtog dènnya nasib | sarwa ngêlik untas angêmandhang | tanpa tinampan agêntèn | samya anasib urut | para kyai-kyai nasibi | sawusira mangkana | sêlamêtan Rasul | samya angadêg sadaya | sêsalaman mubêng têmu gêlang sami | ramya swaraning kathah ||

149. Kumarubut dangu kêmputnèki | sawusira warata salaman | nulya atata lungguhe | kêndhuri apêm maju | rolas ambêng wus dèn-dongani | sawuse ingaminan | apêm nulya dinum | winêratan lan sêlawat | picis kênthang apêm lan apêm sawiji | jalwèstri wus warata ||

--- 7 : 110 ---

150. Sawusira mangan apêm sami | samya miranti lir sabênnira | tan kêliru ing prênahe | Ki Bayi ngandika rum | lah Bismilah mangkat tumuli | kang liningan sadaya | sandika turipun | sigra bodhol sadayanya | pra lèrèhan sudagar lan magêrsari | ulur rumiyin ngarsa ||

151. Kèh warnane panganggene santri | murub muncar lir sêkar sêtaman | ngangge saduwèk-duwèke | jor-jinor rêbut luhung | sawawrate jadhug desèki | prapta ing tarub wetan | kang lumampah ngayun | anglulurung kering kanan | magêrsari lir pagêr ngarêpkên margi | sami ajèjèr wayang ||

152. Tuwin jêjêl jalma aningali | samya ngêrti yèn kari sapisan | Tambangraras pangarake | mila wong nonton timbun | nora kêna winêngkang pipit | uyêl arêbut papan | mendah yèn aseupaeyup. | panas prandene anjirap | datan etang panas kaburu ningali | abungah ing tongtonan ||

153. Angrangkêpi kang jèjèr ing ngarsi | wit saking masjid dumugèng wisma | kang jèjèr nonton jêjêle | sang pinangantyan luhung | lagya mangkat saking ing masjid | parèstri kang nèng ngarsa | taksih mawi rukuh | pêkênamukêna. sadayanira | Tambangraras lan kang ibu Ni Malarsih | pan samya sinongsongan ||

154. Miwah Turida lan Rarasati | lan pra ipe nyai-nyai samya | pêpayungan sadayane | kang ngiring gumarudug | tuwa anom myang rare alit | ngangge putrèn kaputran | kabèh mubra-mubru | ing ngarsa santri sêlawat | kang narêbang Jamal Jamil Jalalodin | kalimah dwi kewala ||

155. Kêmbar-mayang ngapit anèng ngarsi | ing wingking sang pinangantyan priya | lan Ki Bayi Panurtane | myang putra kalihipun | sinongsongan miwah pra ari | sadaya pêpayungan | anggarêbêg pungkur | mangkana ing lampahira | para santri kang sêlawat wus aprapti | nèng tarubing wisma nyar ||

156. Kêpung kupêng sap-sapan jèjèr tri | salin lagon slawatan asrakal | sarwi anganti adêge | tan dangu nulya rawuh | prèstri kèndêl ing kori lêmpit | dadya mêthuk ing raka | tan antara tundhuk | kinèn nêmbah ngaras pada | toyèng bokor sinotyakên [sinotya...]

--- 7 : 111 ---

[...kên] padèng laki | gya Nikèn Tambangraras ||

157. Akêkanthèn tumamèng wismèki | lênggah nèng jêrambah ngarsèng tilam | parèstri lênggah tatandhèr | kang anèng tarub agung | têpung gêlang kongsi apipit | rangkêp tri dhêdhêsêkan | lèbèrlubèr. latar ngayun | nèng sor kitri panta-panta§ Prayoginipun / pantha-pantha /. | santri Luci gupuh ngabani Nuripin | mêdalakên sunggata ||

158. Pawohan myang pateyan mangarsi | waradin dalah kang pantha-pantha | anèng palataran kilèn | sawusing nginang nginum | nulya mêdalakên kêndhuri | rolas ambêng wrat-awrat | kênêpungkinêpung. nèng tarub | rolas ambêng malih marang | kang pêpanthan wus ingetang sadayèki | Ki Bayi lon ngandika ||

159. Lah wis donganana Basarodin | kajad manira mumule marang | (n)Jêng para Nabi saprene | lan mule ing luluhur | saking jalêr lan saking èstri | salamêting pangantyan | lan sêlamêtipun | nak putu ing wong sadesa | Wanamarta sigra Pangulu (n)dongani | rasul Majêmuk mulya ||

160. Ingaminan sadayaning santri | kumêrut rame ambata-rêbah | antara dangu dongane | sawusira Pangulu | andongani Ki Bayi angling | payo padha kêpungan | mirani ambêngmu | sag-sêg lah mara Bismillah | kang liningan sadaya umatur inggih | sami awiwijikan ||

161. Adan lêkas nadhah santri-santri | para lurah myang para sudagar | kumaroyok kèh swarane | kumrêpyêk krak kumriyuk | aseropan pating karêcip | sêp-sêp-sêp kêcap-kêcap | prêg rambak karupuk | barung balung srundèng kacang | kumarapyag kadya gêdhèg dèn thèthèli | gumrah bawaning kathah ||

162. Nutug kaecan dènnira bukti | luwaran nulya ambêngannira | kinèn andum barêkate | wêradin sadaya wus | jalu èstri sarêng anyarik | winadhahan ing ngancak | sêkul ulam munjung | barêkate langkung kathah | mèh tan kêlar bote ginawa wong siji | kabèh abungah-bungah ||

--- 7 : 112 ---

163. Santri cilik rêbutan kêndhuri | gêdrah kapyukan sêkul lan ulam | gêlaprutgêluprut. upa raine | klilipên matanipun | kênèng duduh lombok anjêmpling | samya sabêt sapitan | sêlat sêlèt umyung | kang gêtihên untunira | kang mimisên anangis pating jalêrit | samya ilês-ilêsan ||

164. Mêmarahi mring kang dhêkêt santri | santri tuwa rusuh kaya bocah | rêbutan bêrkat pandume | dadya sadaya sampun | kang nèng latar kilèn sor kitri | nêm pantha kêkêpungan | kabèh milu rusuh | gumêdêr udrêg barêngan | ting barêngok tantangan pating jarêlih | samya akêkêrêngan ||

165. Susudukan sru bithi-binithi | wênèh gêlut kang têndhang-tinêndhang | sabêtan sapit abinge | rusuh pisuh-pinisuh | alon surak acêrik-cêrik | samya lir prangan desa | gora sru gumuruh | (n)Jêng Kyai kagyat miyarsa | ki ana apa banènne ting jarêlih | kaya wong kêkêrêngan ||

166. Sarwi tindak gupruhgupuh. sadayèki | aningali yèn santri kêrêngan | angling e e priye kuwe | Kulawirya aru muwus |Lebih satu suku kata: Kulawirya sru muwus. hoyah-hoyah hus-hus-hus santri | Cêmplon Singgang Sayadan | sapa gawe rusuh | bubar kang samya kêrêngan | aningali mring Ki Kulawirya ajrih | pisah bo kadumêlan ||

167. Kulawirya mêksih tudang-tuding | de ku setan pak Kada wong gêrang | sapa rewange babithèn | matur kalih pak Sêtu | wiwitipun santri rarywa lit | nulya mlembak pak Kada | nuntên mèh sadarum | tan kongsi dinum rêbatan | santri kathah jaguran rêbat kêndhuri | kang sangêt mung pak Kada ||

168. Dhasar edan pak Kada kêpadhil | jêjêlên bugêl cangkême pisan | tan dèn-marèni bandhole | (n)Jêng Kyai ngandika rum | lah wis aja sira srêngêni | mêsakake mêningan | padha rêbut puluk | hèh Luci dêlêngên sapa | kang tan olih barêkat wèhana nuli | barêkat sapandumnya ||

169. Luci gêpah wus samya sinungi | Kulawirya mèsêm garunêngan | adat têmên Kyai kuwe | yèn wong srêngên mring batur | nuli santri glis dèn-iloni | Ki Bayi lon lingira | payo bali lungguh | nak-putu rèh-rèhanira | padha sayah konên mulih sadayèki |

--- 7 : 113 ---

rada wus akir Ngasar ||

170. Wus kinèn kabèh bubaran mulih | nulya sarêng (n)dulur wêdalira | sudagar magêrsarine | lurah santri wus mêtu | mulih sowang-sowangan sami | kang lênggah nèng taruban | putra ri nèng ngayun | Ki Sêmbagi lan Jumêna | Jêmpina lan Ki Pangulu Basarodin | Ki Bayi lon ngandika ||

171. Iki padha wus kêlakon sami | luwar ing nadar sêkadarira | mring pulunanira Nikèn | bocah salaminipun | nora kêna tinari laki | awangkot wangkal sugal | tan kêna rinapu | mèh kasèp wayahing mangsa | gawe susah sanak wong tuwa prihatin | myat marang Tambangraras ||

172. Mêngko wus olèh parmaning Widi | pinaringan jodho priya tama | saking pandongamu kabèh | kalakon sadaya wus | kurmat samya asih ing siwi | wus sêdhêng aywa susah | majêmukan esuk | kêndhurèn madhang kêmbulan | kapindhone sêmune Sèh Amongragi | jêge tan pati rêna ||

173. (n)Dulu kang wong kêrêp-kêrêp bukti | yèn ta aja makluming wong tuwa | nora bêtah suwe-suwe | tan pati doyan sêkul | namun doyan micara ngèlmi | lungite maksih brangta | kêlangkung wong wuyung | kang liningan aturira | inggih kados putranta mêksih gêng kingkin | kêtarèng solah bawa ||

174. Kyai Bayi angandika malih | nanging nora pisan kas kewala | sesuk ya padha kêndhurèn | kêlawan anak putu | para lurah bae kon prapti | lawan kang tuwa-tuwa | kamituwa ya wus | sarupane bundhêl desa | padha timbalana kang pêpakan enjing | putra ri tur sandika ||

175. Nulya ingkang putra Sèh Mongragi | mijil sing wisma marêk ing rama | samya amingsêr lênggahe | Ki Bayi lon amuwus | wawi sami Ngasar mèh akir | Sèh Mongraga turira | sumangga tumutur | sadaya umiring salat | maring masjid alit anganyari bêkti | ngibadah wêktu Ngasar ||

176. Ni Malarsih lan putra parèstri | amakmum mring masjid alit anyar | sarwa cèkli (ng)gèn parèstrèn | wusnya samya awulu | sami salat wêktu Ngasar-i | sira Sèh Amongraga | kinèn majêng [ma...]

--- 7 : 114 ---

[...jêng] ngayun | ngimami Mongraga nulya | ngangkat têkbir pêrlu sadaya usalli | wus têrtib tumaninah ||

177. Praptèng patang rêkangat kang akir | tahyat sêlawat nulya asalam | lajêng pupujian rirèh | dhikir tan pati sêru | dalah donganira kur muni | bakda asêsalaman | sêdayèstri mudhun | samya malêbèng ing wisma | Kyai Bayi mêksih lênggah anèng masjid | lan putra arinira ||

178. Ni Malarsih nèng wisma alinggih | lan kang putra mantu kalihira | Ni Daya lawan pra ipe | Malarsih lon amuwus | Tambangraras dèn-têtakèni | dhuh Nikèn Tambangraras | sun tanya satuhu | sira walèha pasaja | apa sira uwus bakda dukul nini | katrêsan ing katrêsnan ||

179. Nikèn Tambangraras matur aris | ibu paduka tanyèng kawula | kang kadyèbu wuwusake | putranta Sang Mong luhung | datan mulang ingkang kadyèki | siyang ratri winulang | suraosing ngèlmu | patitising kawruh tama | kalêpasan ing tyas mawas ing kajatin | jatmikane panunggal ||

180. Panuksmane ngèlmi ganal alit | lukitane katha§ Prayoginipun / kata /. katanêman | tinêmuwa kêdadène | babare ing ngaluhung | sampurnane ngèlmu donya kir | waluyèng kuwaleyan | pangarasing laku | kawula suka pirêna | langkung rahmat sinung wruh kawruh sajati | tan tuwuh dinêrêsan ||

181. Inggih kadya tuwuk tanpa bukti | bungah tanpa langêning asandhang | raosing tyas kadumugèn | lan kaping kalih ibu | pan kawula dèrèng mangêrti | masalah ing pratingkah | kang paduka wuwus | ing manah datan kabuka | raosipun tyas mantuk lir wingi uni | myat priya tan punapa ||

182. Langkung ngungun kang ibu ningali | mring kang putra Nikèn Tambangraras | tyasnya sangêt gêgêtune | wusana ris amuwus | kadipundi punika bibi | inggih wayah andika | dados dèrèng atut | tatakramaning akrama | ingkang mawa punapa punika bibi | botên dhêngêr satuma ||

--- 7 : 115 ---

183. Sangêt kawula sumêlang bibi | wrate rèhning tiyang anak-anak | inggih kadospundi malih | kêwatos dèn-kabanjur | lamun wontên godhaning eblis | uga karone kêmba | pisah durung atut | sarwi kumêmbêng kang waspa | mêksih angling kirang-kirang kang kadyèki | kathah kang tundha-bema ||

184. Nyai Daya wruh Malarsih kingkin | anglêlêjar aris aturira | kang botên-botên rinampe | tan prayogi dinarus | inggih lêrês tiyang sisiwi | ningali datan majad | ing salimrahipun | pêngantèn wus kawandasa | dina langkung tan carêm sacaraning sih | têmtu kang tuwa susah ||

185. Nanging botên putranta puniki | yêkti tan kenging winor ing kathah | têbih saking brèsèt bêrèt | pan sujanma linuhung | wus man maring nugrahan jati | sajatining uliya | tan kenging winuwus | nyuda kurmat tan paedah | kadipundi bok anak ing ngriku sami | punapa tan kêrasa ||

186. Aturkula mring Nyai Malarsih | anauri pra ipe sadaya | lêrês pun bibi ature | Malarsih malih muwus | langkung triman ambobolèhi | bibi sami dodonga | mring Kang Maha Agung | kang mugi pinarêngêna | ing carême atut runtute sakapti | pun Nikèn Tambangraras ||

187. Saur manuk sêdayanya sami | inggih punika ingkang prayoga | tiyang sêpuh pandongane | tan wontên kêndhatipun | mrih rahayu puji mring siwi | muji kakèn-kakèna | ninèn-ninèn rukun | pra nyai sami turira | pan mêngkana yata ing wanci Mahribi | dangdan musêla salat ||

188. Jamal Jamil adan ngalik-alik | tuwin ing sabên ing wayahira | santri samya dan sarêntèn | ing wêktu manjing pêrlu | Sèh Mongraga ingkang ngimami | kang makmum sadayanya | langkung rahabipun | anutug wêktuning salat | praptèng bakda Ngisa purna waktunèki | Kyai Bayi Panurta ||

189. Mudhun saking masjid lan putra ri | maring ing dalêm anyar alênggah | putra ri jalu èstrine | tata samya nèng ngayun | Ni Sumbaling lawan Cênthini | naosakên dhaharan | mawarna sadarum | tumrap nèng piring lancaran | lah-olahan wowohan

--- 7 : 116 ---

kang manis-manis | wus andhèr anèng ngarsa ||

190. Kyai Bayi angandika aris | payo kono padha nyênyamikan | la nganggur sapakolèhe | samya matur anuwun | angling malih mring Amongragi | mênggah ingkang ngarahan | sampurnaning kawruh | liripun kadya punapa | alon matur sira Ki Sèh Amongragi | Kadis èngêt kawula ||

191. Jroning kitab Tanbihul apilin | pangandikaning (n)Jêng Rasullolah | kawan prakawis wus rasèh | iman lan tokitipun | kang makripat lan Islamèki | sampurnaning kang iman | lawan tokitipun | makripat kalawan Islam | anèng kitab Durat lawan Bayan-tasdhik§ Prayoginipun / Bayan-tasdik /. | Sêmarakandhi witnya ||

192. Iman pangèstu marang Hyang Widi | kêdah ngèstokakên ing asalat | tokit tan ngloro tingale | namung sawijinipun | Hyang Maha Gung datan kêkalih | kêdah anunggal salat | makripat liripun | kang awas marang Hyang Suksma | kêdah ngawasakên salat kang sajati | Islam kasucining Hyang ||

193. Kêdah nucèkakên salatnèki | malah wong kang wus uningèng Islam | sèstu Hyang anucèkake | marang sawiji maklum | sarta parêng tan kenging srênti | wor tan kênaning pisah | parêkan dohipun | pan sampun ingakên tunggal | ing panunggal tan wontên kawula Gusti | sinama sami litnya ||

194. Beda tan beda kawula Gusti | paminipun punjul lan kaotan | Gusti anèng kawulane | yèn ta sagêd kadyèku | sanès jinis kawula Gusti | Gusti Gusti kewala | langgêng ananipun | kula kawula kewala | têtêp ngaral bangsa riyah apêsnèki | tan kêna ngaya apa ||

195. Bedanipun kawula lan Gusti | makluk yèn rinusak pêsthi rusak | beda lan Gusti yêktine | Pangeran Kang Maha Gung | tan kantênan pipinggirnèki | gênge tanpa wêkasan | lêmbut tan kajumput | kang aran Islam punika | dipun rasa angaji ing Dalil Kadis | ing kitab kalihwêlas ||

--- 7 : 117 ---

196. Kitab Sitin lan Sêmarakandhi | Bayan-tasdhik§ Prayoginipun / tasdik /. Sail lawan Sujak | Ilah miwah Mukarare | Juwahir Kidayatun | Sukbah miwah Mustahal nênggih | Adkiya jangkêpira | kalihwêlasipun | punapa prentah kang kocap | anèng kitab prayogi dipun lampahi | sami saking ing Kur'an ||

197. Dalil madlul Kadis lan kudisi | Ijêmak Kiyas lan lapal makna | murad rasa sih kanthète | pan tunggal asalipun | saking Kur'an puniku nênggih | marga ris kang utama | agung kang linuhung | Dalil pangandikaning Hyang | madlul pangalaping Dalil maring Kadis | Kadis kang pangandika ||

198. Inggih pangandikaning (n)Jêng Nabi | kudsi pangalaping Kadis marang | ing Kadis pan pênulare | para waliulahu | sami matut ngèlmi agami | ingkang aran Ijêmak | ngèlmu kang wus kusus | mupakat ratu sakawan | Kangjêng Imam Sapingi Imam Hambali | lawan Maliki Imam ||

199. Kaping sakawan Imam Kanapi | sintên ingkang tan purun ngambaha | ing ngèlmi sakawan lire | yêkti kapir puniku | datan antuk manut ing Nabi | katrècèt undurira | agamane kupur | mila kang sami tawab tyas | andadarus kang nêdya ahli muslimin | prawira ing agama ||

200. Kyai Bayi manthuk-manthuk angling | sarwi angathung nêkêm panganan | cêriping gêdhang suwene | wis pinutung ping têlu | dèrèng dipun dhahar sakêdhik | pijêr ngraoskên murat | sampurnaning kawruh | mara ta padha rasakna | rèhning sami ahli sarake (n)Jêng Nabi | Muhamad kang mustapa ||

201. Kudu mring kitab rolas kang apil | surasaning kitab linampahan | rampung ing kauripane | sadaya matur nuwun | inggih kados punapa malih | lamun tan talabula | ing ngèlmi kang luhung | Kulawirya aturira | ing mangke wus angsal pathokan pramati | miradipun anakmas ||

202. Langkung sakeca raosing kapti | apan inggih sanadyan ngèlmi hak | saking ngriku pinangkane | apan cêkap sadarum | kawruh

--- 7 : 118 ---

datan wontên kêlampit§ Prayoginipun / kalempit /. | ing kitab kalihwêlas | Ki Bayi amuwus | iku yèn-yanane§ Prayoginipun / jan-janane /. uga | yèn wong alim tan kêna kudu nêtêpi | ing kitab kalihwêlas ||

203. Pan tumunjêm tyase sadayakisadayèki. | hajad anêtêpi ngaji kitab | wintu pinrih pahame |§ Prayoginipun / winantu /. Ki Bayi lon amuwus | nyamikane padha cinêmil | mara ta kono padha | ngoyog-oyog janggudjanggut (dan di tempat lain). | yèn wus nyênyamik bubaran | kang liningan sadaya jalu lan èstri | samya nadhah dhêdharan ||

204. Ingkang sapta wowohan angambil | miwah kang sapta olah-olahan | aroyom tan ana wênèh | sabiyantu akêmbul | langkung suka Kiyai Bayi | ningali ting kucapah | wus samya anutug | sadaya awiwijikan | ngêsut tangan ting tarècèt wus barêsih | kang udud wênèh nginang ||

205. Sira Ki Pangulu Basarodin | mêndhêt jram kêprok papat lan nangka | srabi rangin sarywajare | brêkat bae thithik wus | gêcok wadok jaluk lih-ulih | dhèhèm Ki Kulawirya | PamguluPangulu. anjumbul | ingèsêman ing ngakathah | Kulawirya latah-latah sarwi angling | kang Ngulu nora jamak ||

206. Adat têmên tan tinggal pakolih | makêm nyangkêrêm lir bèthèt grudha | anucuk angibêrake | sru gumuyu sadarum | Kyai Bayi gumuyu angling | bok karpèkne mêningan | wuwuhana iku | thithik-thithik wratanana | Ni Malarsih sigra mêwahi mratani | Pêngulu bungah-bungah ||

207. E ya dene mundhak akèh iki | (ng)gih nuwun nyai Alkamdulillah | Malarsih gumuyu linge | di mrono ywa tumungkul | ambêganmu anggigilani | kaya macan sênggoran | Ki Wirya amuwus | wong mènèk olèh tataran | baya ngimpi pela-pelu mau bêngi | lèh brêkat dhêdhèwèkan ||

208. Kyai Bayi Panurta ngling malih | sira iku layak padha sayah | payo wus bubaran mulèh | matur sumanggèng kayun | sawusira [sawusi...]

--- 7 : 119 ---

[...ra] salaman sami | santri Luci agêpah | nyulêd êtingipun | nèng ngarsa mrih padhang marga | nulya kundur Ki Bayi lawan Malarsih | ingiring kucumbinya ||

209. Sèh Mongraga akurmat umiring | marang natar lawan garwanira | praptèng ing lawang korine | kang rama ngling (ng)gih sampun | aprayoga wangsul ing ngriki | kewala alayapa | ing wismanira rum | sira Ki Sèh Amongraga | matur nuwun Ki Bayi mangilèn mulih | sadaya asowangan ||

210. Sèh Mongraga jumênêng anganthi | ngling payo yayi tumamèng wisma | sarwi kinanthi astane | Cênthini tansèng pungkur | praptèng dalêm kalihan linggih | kang dhêdharan tinata | malih anèng ngayun | pateyan sampun jinogan | mring Cênthini Sèh Mongraga ngandika ris | yayi sira tanya-a ||

211. Paran dirasira. takokakên yayi | yèn ana kang kalêmpit driyanta | takoknèngsun kalirake | kang rayi nêmbah matur | inggih lamun tuwan lilani | kawula nuwun wulang | ing sajatosipun | kang wuwus wau punika | iman tokit makripat Islam punapi | wontên sajatinira ||

212. Mugi amba tuwan sêjatèni | kang raka ngling iya yayi ana | hakekate basa kuwe | iman badanirèku | kêranane badanirèki | iya ingaran iman | badan iku wujud | wiwinih marang ngèlmi kak | aprêsasat ya muga dating Hyang Widi | iku jatining iman ||

213. De hakekating tokid sajati | tokid iku apan budinira | kêranane budi rêke | ingaran tokit tuhu | budi iku ngèlmu sajati | wiwinih maring nur hak | cahya ingkang luhur | aprêsasat iya uga | budinira sipating Hyang Maha Sukci | iku tokit jatinya ||

214. De hakekating makripat yayi | makripat iku pan elingira | krana elingira kuwe | ingaran makripatu | eling iku ênur kang jati | wiwinih maring nur hak | ing kasidanipun | prêsasat iku ya uga | elingira asmaning Hyang kang linuwih | ku jatining makripat ||

215. Hakekat ingkang Islam puniki | Islam iku pupusmu kang wus man | krana pupusira lire | ingaran Islam tuhu | pupus iku suhud kang yêkti | wiwinih marang mutlak | ing papêsthènipun |

--- 7 : 120 ---

yèku prasasat ya uga | pupusira apêngalira Hyang Widi | iku jatining Islam ||

216. Iku yayi wadining kang ngèlmi | datan kêna kinusus ing sarak | salang surup ing tampane | mila yayi dèn-maklum | maring ilmu aywa kalêmpit | wau ta Nikèn Tambang | -raras matur nuwun | pan inggih barêkah tuwan | kados botên wontên kang wulang kalêmpit | dados kakancing iman ||

217. Iya yayi sukur ing Hyang Widi | payo tangat yayi ing palilah | kang garwa rahab ature | nulya sami tuturuh | mring tirtan mèt toyastuti |Kurang satu suku kata: maring tirtan mèt toyastuti. Cênthini tansèng wuntat | samya akadas wus | mring masjid anyar asalat | tahjud rolas rêkangat nêm salamnèki | tasbih rolas rêkangat ||

218. Nêm salam wus nulya patrap wirid | arambatan guyêr sata riyah | isbandiyah jalalah-e | barjah akusni junun | awiwinih kajatirèki | dènyarsa titigasan | panggrantêsing kayun | bengatira binengatan | antaranya suwe kalimah kapusthi | winotên ing sanapas ||

219. Wus panasul suhuling Hyang Widi | tumama mring jaman kajumbuhan | nalikèng kono ênênge | sawusira ambuntu | ing kalêsan mring isbat napi | napak muta awilah | tumurun ing kalbu | supanèng muta wasitah | mawantahing muta nakirah aririh | la mujuda ilalah ||

220. Sèh Mongraga bakda dènnya mupid | ingkang garwa maksih dèrèng tuntas | dènnira bengat suhule | ingkang raka angantu | luwarira dènnya alatip | kang garwa tan rêkasa | pangikaling nupus | ing kêjêp wus kajênêkan | tan prabeda salasilahing amupid | mapad panakul pana ||

221. Luwar dènnira ikram miwiti | sambunge napas wus tan rêkasa | tanggaping kalimah sarèh | lapal Allah lawan hu | mulih malih ing klimah kalih | Sèh Mongraga tumingal | mring garwa jumurung | wus pintêr narik kanêngan | tan kêlangso pamapaning isbat napi | kang raka wus pitaya ||

--- 7 : 121 ---

222. Kumandêle kang rayi mring ngèlmi | sawusira luwar katrinira | kang raka aris wuwuse | payo yayi tumurun | marang wisma layaping ratri | kang garwa tan lênggana | tumutur ing kakung | cèthi Cênthini tan têbah | praptèng wisma tumamèng tilam seta di | tumutur Tambangraras ||

223. Amba matur kang tuwan lilani | nuwun pantog ing ilmi kang nyungap | ing samodra pribadine | mugi tuwan sung rampung | kang tan mawi warana gaib | sêjatining wanita | sêjatining kakung | sêjatining Hyang Ma Mulya | nyataning hak puniku ingkang punêndi | kang raka lon lingira ||

224. Marang Nikèn Tambangraras aris | kabênêran dènnira tatanya | sun arsa-arsa lawase | patanyanmu kadyèku | pan idayat dening patitis | yayi sira myarsakna | sun wêjang sirèku | dening sêjatining Allah | lan sêjatining lanang jatining èstri | yayi sira tampa-a ||

225. Sêjatining Allah iku siji | kang mêngkoni ana lawan ora | sadurunge sauwise | sêpala sêgala gung | kapurba kawisesèng siji | sijining anaoran | durung lawan sampun | sêpala lawan sêgala | yèku yayi sijining isbat lan napi | datan napi tan isbat ||

226. Apan ora durung nora uwis | nora sêpa lan nora sêgala | tan ana tan ora rêke | tan suwung datan mujud | liring roro-roning asiji | siji-siji bêlaka | tan kurang tan wuwuh | roroning napi lan isbat | ya roroning Rasul lan Muhamad yêkti | roroning èstri priya ||

227. Nir karoning jênênging jalwèstri | ilang aranning napi lan isbat | miwah lan sapapadhane | roroning tunggal iku | apan tunggal dadi sawiji | wiji siji amêncar | -akên ing tumuwuh | kang kagêpok kang katingal | iku saking purnaning ro maring siji | siji Allah tangala ||

228. Siji iku tan isbat tan napi | datan kandha warna ambu rasa | tan arah tan ênggon angèng | pêsthi kawasanipun | anglimputi tur Maha Sukci | amurba amisesa | maring ro puniku | liring ro kun payakun-nya | lire siji dhewe-dhèwèke pribadi | yèku yayi jatinya ||

--- 7 : 122 ---

229. Dening jatine lanang sajati | yèku Rasul rasa ingkang mulya | sukmaning roh iku Nikèn | pan nurbuwahingnurbuwating. ênur | nur Muhamad ingkang ginusti | tan asum maring ora | latip jatinipun | yèku napi tanpa isbat | lagi êkun durung kapindho sih suci | Rasul jatining lanang ||

230. Ana dene sajatining èstri | yèku Muhamad ingkang minulya | Muhamad insaniahe | nugraha kang linuhung | nugrahaning urip puniki | tanasup maring ana | kaannanirèku | yèku isbat tanpa napya | pan payakun wus kapindho sihing Widi | yèku jatining kênya ||

231. Ya mulane lapal Allah yayi | aksarane pan amung titiga | Alip Êlam lan êhe-ne | iku pasêmonipun | Allah Rasul Muhamad yayi | Alip mungguh ing Allah | Lam mungguhing Rasul | Ehe mungguhing Muhamad | sampurnaning Lam Ehe jumênêng Alip | amor purnaning tunggal ||

232. Allah Alip mutakalim wakid | Rasul aksara êlam jaidah | Muhamad he hu akat-e | iku sampurnèng idhup | sanyatane ngèlmu sajati | jati-jatining kang Hyang | sajatining kakung | jatining wanodya iya | apan Rasul ingong Muhamad sirèki | woring sirèngsun ya Hyang ||

233. Allah sênêt nèng sajroning pati | Rasul Muhamad sênêt jroning gêsang |Lebih satu suku kata: Rasul Muhamad sênêt jroning gêsang. urip kang kaanan kiye | urip iki kawimbuh§ Ing Serat Centhini Pisungsung / kawibuh / (?). | pan kawêngku ing dalêm pati | pati pan amisesa | ing urip sawêgung | kabèh ginantungan rusak | utamining urip kang prasanak pati | matinya mupung gêsang ||

234. Sapa kang angeling-eling pati | ingkang bisa mati jroning gêsang | tinêtah supaya tètèh | titah ing Hyang Maha Gung | kudu eling ing dalêm pati | patitis ing kasidan | uripe linuhung | sabab uripe prasanak | lawan pati urip tan kênaning pati | yèku dating Hyang Suksma ||

235. Têtêlu iku roroning tunggil | datan kêna pinae paeka | tan kêna ngaran rorone | tan kêna ngaran têlu | datan kêna ingaran

--- 7 : 123 ---

siji | Allah ngaran Muhamad | Muhamad ran Rasul | Rasul ingaranan Allah | kang wus bisa uripe pra sanak pati | Allah kang sipat rahmat ||

236. Iku yayi pêtakonirèki | sajatining lanang lan wanodya | sirèku lan ingong kiye | tan prabeda kadyèku | Allah Rasul Muhamad yayi | Muhmaad iya sira | Rasul iya ingsun | purnaning roroning tunggal | lanang wadon yèku Hyang kang Maha Suci | sira lawan manira ||

237. Sajatining lanang apan èstri | sajatine èstri apan lanang | karana mêngkono lire | èstri anèng jro kakung | kakung anèng sajroning èstri | Muhamad Rasullolah | kang tumraping sêbut | Rasul nèng jroning Muhamad | Muhamad nèng sajroning Rasullolahi | tan beda roning tunggal ||

238. Tambangraras winêjang ing laki | sanalika tyasira wus purna | padhang tan sumêlang lire | driya wus pupus putus | tungtas mêntas dèn-jajatèni | tinêkan ing sakaptya | kumandêl ing ngèlmu | wus gigal dharatan dunya | tan tinisnan mung papaèsing Hyang Widi | widagdèng wadi tama ||

239. Cêprol tyasira kang wingi-wingi | tan wiwinga wus kandhih kandhêhan | ing tyas sirna wêranane | mung ngèlmu kang satuhu | dadya gêgeyonganing budi | badanne wus tan jiwa | jinarwan sêjatu | jatining Hyang èstri priyeGuru lagu seharusnya: 8a, jatining Hyang èstri priya. | Tambangraras sakala kalawan laki | -nira Sèh Amongraga ||

240. Cinarêman patêmbayaning sih | lir cêmpaka wungkul sinadpada | praptèng mangsa sakalihe | sari mêkar ing bangun | kaididan pandhêming tis-tis | linungiding brêmara | mangungruming tanjung | Tambangraras katêtêsan | tyasira tis angèsthi jatining ngèlmi | minulyèng rasa purba ||

241. Kapurbèng laki purbaning Widi | rêkasèng rasa ngêsah swuh ikram | trap bengat satariyah-e | dyah sanalika kantu | lena nèng pakulinan mupid | rasèng tyas amêrtiga | rong duman mring ngèlmu | saduman rasaning priya | mèpu Hyang maring dating Kang Maha SuksiSukci. | tan ura ring panduman ||

--- 7 : 124 ---

242. Rasa kang pangrasa karasèki | datan wiwal anèng kawiritan | wus tampi wulang waune | dangu dènnira kantu | pananing sih nugrahèng Widi | Sèh Mongraga tan samar | muriganing kayun | layape ing garwanira | tan kasêlan ring hawa awaking eblis | pananing ngèlmu rasa ||

243. Cèthi Cênthini wruh ing wêwadi | mring patirtan mariksa hèr lukak | samya ingêbèr toyane | badhe pasiramipun | sakaliyan bêndaranèki | yata ingkang kulina | anèng jinêm arum | luwaran dènnya asmara | mijil saking pagulingan pan sarimbit | randhat maring patirtan ||

244. Ni Cênthini gupuh angladèni | nampa sinjang anèng panadhahan | sêsaosan pasatane | sinèlèh anèng ngriku | Ni Cênthini sigra lumaris | mangilèn tur uninga | mring kang rama ibu | andhodhog kori winêngan | nuju dèrèng guling pan lagi amikir | kang putra kang dadya tyas ||

245. Praptèng ngarsa Cênthini matur ris | lamun putra Nikèn Tambangraras | sampun katêrasan mangke | ramè-bu gyat amuwus | ya sekursukur. Alkamdulilahi | gugahên bibi Daya | Cênthini dèn-gupuh | Ni Daya wus tinimbalan | praptèng ngarsa Malarsih mèsêm turnya ris | bibi wayah andika ||

246. Tambangraras wus pinagud ing sih | tinêmbayan atut palakrama | mangsa-boronga adate | sarat katrêsnan ing rum | mugi bibi priyangga prapti | mangetan sung ajampya | mring wayah kawlasayun |Lebih satu suku kata: mring wayah kawlasyun. Ni Daya aris ngandika | lamun parêng prayogi kewala enjing | wus adatipun enjang ||

247. Inggih mangsa-boronga pun bibi | lah wis Cênthini sira wangsula | dèn-age sira kasuwèn | ya wis bangêt sokurku | nulya mundur mangetan malih | praptèng têpi patirtan | kabênêran uwus | sang ro dènnira asiram | Ni Cênthini saos pasatan wastra di | tinumpa nèng panampan ||

248. Sawusira mawastra aririh | tumama malih nèng pasareyan | kang raka ris ngandikane | yayi sira ywa korup | gêgêdhene godhaning eblis | rong ênggon kang tinênggan | setan akukuwu |

--- 7 : 125 ---

kang dhingin nèng jroning sahwat | kaping kalih nèng jroning sakarat yayi | pambegalaning setan ||

249. Pamurunging prawiraning urip | yèn kêjorong karêma mring sahwat | sewotên setan godhane | mrih laliyèng Hyang Agung | pamurunging sampurnèng pati | bariwuting sakarat | karakêting dudu | duka cipta salah tampa | lura-luru mrih kaliru ing pangikis | tanya atanya-a. ing naraka ||

250. Ulama kang wus man maring ngilmi | panglilinge mring Hyang Maha Mulya | ingugêr marang tokide | siyang dalu kadulu | daliling Hyang kang Maha Sukci | karya titah manungsa | lawan satrunipun | setan satruning manungsa | wakolihi man insi jèdis sabilis | sayatin kasru janat ||

251. Pangandikaning Hyang iku yayi | sing sapa mênang prang lawan setan | yêkti gêdhe ganjarane | rahayu nèng swarga gung | ing dunya-kir sinung mulya di | iku yayi kang wus man | sabab wus sumungku | mring Allah Rasul Muhamad | yèku mau sucine iman sêjati | tokit makripat Islam ||

252. Sampurnane yèku dadi daim | namung daimira maring Suksma | aywa sah sanalikane | nadyan manawa turu | salat sahwat sêkarat tuwin | mung daim kang minulya | ring Hyang kang Maha Gung | sira Nikèn Tambangraras | pan minulyakakên ing laki Mongragi | wus mardikèng mukmin kas ||

253. Wanci wus gagat bangune enjing | putêr anggêntèranggantêr. dara bêkuran | sauran sulindhit bèthèt | prêkutut duduk layu | manggung kung nglangut amanis |Kurang satu suku kata: manggung ngungkung nglangut amanis. èsthinira rêrasan | rarase sang ayu | ingkang tinêmbayèng priya | ing ratri ki jalak menco angêcuwis | carita carêmêdan ||

254. Iba-iba rêkasaning ati | kaya wong ngaji jaya wus tapa | têgun tinatah jumêbrèt | uligan sajêgipun | durung wêruh rasaning jurit | dhasar kutha santosa | rêmit tutup pintu | prajurit prapta misesa | karêkuhe kêpagol kebunton dening | akunci tan wèh marga ||

--- 7 : 126 ---

255. Sulindhit bèthèt lir (ng)gêguyoni | putêr bênggala lir sukarêna | sokur pacarême Nikèn | pêksi dara ambêkur | bungah lir pitutur kang èstri | mara ta wruhanira | bae bêndaramu | kurên rarasing karsikan | payo kurên karênaning pulang titih | darèstri parepehan ||

256. Tuhu wantu-wantu lir ngundhangi | kolik klikikan mabur barbêran | lir sung wawarta wadine | Tambangraras katras rum | gêmak mêlung lir mamaoni | sikolik agêtênan | manuk ora urus | angèbrèg gawe wawarta | nadyan bungah bok binatin malah criwis | mring cabak saya cawak ||§ Prayoginipun / crawak /.

257. Kate bêkisar cakikèr muni | cinggoling srigunting asusitan | lir mumungu sang ro Nikèn | ing wanci bangun Subuh | aywa jênêk ngulinèng mamrik | manawa kadrawasan | ngakirakên wêktu | owêlên wêktu ijabah | mrak manguwuh lir bêbantu amangsiti | nyangungong cohung ngakak ||

258. Ajag-jagan nèng payon angalih | wau Sèh Mongraga lan kang garwa | angling payo yayi Nikèn | mupung awal Asubuh | kang rayi tan lênggana tuding | sarêng mijil akadas | Cênthini tan kantun | marang masjid samya salat | praptèng bakda Subuh ing wanci byar enjing | sang ro tumamèng tilam ||

259. Tan cinatur langêning pulang sih | sabab puniku kandha uliya | saru yèn kinarya wadhèh | yata wau kang ibu | ngrukti titigasanirèki | sakèh kang ila-ila | sadaya rinamut | sarta lan kêndhurinira | Nyai Daya sampun rêracik ajampi | pêntil dêlima pêthak ||

260. Ingurêgan ingisènan ganthi | mêsoyi pucuk lawan majakan | kapulaga lawan cêngkèh | isine cubung wulung | mrapat lawe wênang ginodhi | sawuse ingubêdan | pan pinipis lêmbut | slasih irêng jinantonan | myang pon-êmpon panginang kêtêmu giring | ring bathok pauyupan ||

261. Tuwin kang tapêl unthuking cacing | lan awuning kraras pisang êmas | wilungsunganwalungsungan. ula cabe | pala cêngkèh kumukus |

--- 7 : 127 ---

mrica sulah êndhoging êmprit | cangkang (n)dhog yam têmbeyan | gya pinipis lêmbut | lêngkang sunthi pyun bênggala | wus rinukti sadaya adatirèki | wong mêntas katêtêsan ||

262. Wus linakyan lampahing kang jampi | siniraman ing sêkar sataman | susunira êmbok Nikèn | kang olah Ni Daya wus | pagêbêsan ingkang duwèni | miwah sajèn mawarna | Ni Daya sêdarum | nulya kêndhuri pinasang | rolas ambêng lawan rolas ambêng malih | pêpanganan mawarna ||

263. Samya tinimbalan sadayèki | putra kalih miwah para kadang | pangulu miwah modinne | lurah myang kamisêpuh | bundhêl desa sadaya sami | ambrubul sami prapta | pra santri andulur | gumridig lajêng kewala | nèng pandhapa kilèn dènnya tata linggih | du dhêngkul têpung kapang ||

264. Santri Luci matur ing (n)Jêng Kyai | punika sampun prapta sadaya | Ki Bayi lon andikane | Bismilaha Pangulu | donganana Sêlamêt-nèki | nakira pinangantyan | wus atut aruntut | wajibing wong palakrama | tyas-sun uwus ilang sumêlanging ati | tan ana kang dadya tyas ||

265. Kang samya myarsa nglinge (n)Jêng Kyai | samya bungah sokur sukarêna | Pangulu sandika ture | anulya donga Rajug | Slawêt-pinatawil-ngumuri | turun sih maskumambang | Kunut lan Sri-lulut | Kabula têmu Sêndhana§ Prayoginipun / Sêdana /. | ingaminan gumuruh swaraning santri | rame ambata-rêbah ||

266. Puput dènnya andonga Basuki | Ki Baywa ngling mara kono padha | amangana dhewe kabèh | Luci kae santrimu | santri cilik nèhana sami | kêndhuri kang warata | jaba masjid mangu | aywa na kang kaliwatan | matur sampun wawi binagèn pribadi | tan wontên kaliwatan ||

267. Lah wis padha lêkasana bukti | nulya samya kumroyok anadhah | pating kucapah wong akèh | ing jawi pan gumuruh | santri padha rêbut kêndhuri | rame têndhang tinêndhang | ajagur-jinagur | dènnira arêbut brêkat | surak gar-gêr lir ngabên sawung [sa...]

--- 7 : 128 ---

[...wung] dèn-tohi | santri kang kêkêrêngan ||

268. Tan wun ucapên ramening santri | kêndhuri wus samya binarêkat | bubaran ingkang kêndhurèn | samana sang linuhung | laminya nèng Wanamartèki | pan sampun tigang wulan | sang brangta nèng ngriku | mindhak rahmate kang desa | tulus kang sarwa tinanêm kang tinêmpil | balêbah murah pangan ||

269. Murah sandhang barang kang pinicis | wohing kitri kèh bèsèr malangsa | beda lawan duk maune | janma saya kèh wuwuh | bêbrayatan kang samya prapti | malah angêlar dhadhah | jêjêl wismanipun | têpung angubêngi desa | desarya gung lir wastra gadhung tinêpi | kubênge kang wisma nyar ||

270. Winatara limangatus luwih | wuwuhe wong kang sami gigriya | Sèh Mongraga mangunahe | tyasing janma rahayu | datan ana masiyat budi | samya rahab agama | wong kang wau-wau | kang salat pêndhak Jumungah | mangke dadya rahab samya anêtêpi | ing limang wêktu salat ||

271. Barang têtanduran tulus wilis | pala gumantung pêndhêm kasimpar | sawah pêgagan palêstrèn | tan ana amanipun | olèng-olèng lan walang sangit | ilang ama mêmangsa | nir singkêling tandur | wong sadesa sukarêna | datan ana kang cuwa kacuwèng§ Prayoginipun / kuciwèng /. galih | lumrah samya rêrasan ||

272. Mangkana pangucaping wong sami | ya talah desa ing Wanamarta | lan biyèn bangêt kacèke | saha kêdudu-dudu | saya rêja êloh jinawi | amurah sandhang pangan | tulus kang tinandur | tan ana ama satuma | lêmah lincat saiki kèh dadi gasik | mabuk mawur binukak ||

273. Saking sangêt sawabe (n)Jêng Kyai | ana ingkang anauri êndhak | lagi pandugaku dhewe | iku mangunahipun | iya Sèh Mongraga kang mawi | mara ta titènana | ya (n)Jêng Kyai Guru | biyèn lan samêngko beda | salawase duwe mantu Sèh Mongragi | seje sajake desa ||

--- 7 : 129 ---

274. Pêsthi ika kang mawa muwuhi | wahananing desa sarwa owah | wêwah byah kêmurahane | sabarang kaliripun | siti kitri sandhang lan bukti | bêkti maring agama | gumati ing wêktu | padha trape wong sadesa | isèn-isèning desa Wanamartèki | kèh undhaking ngulama ||

275. Pocapane wus ngumum sakèhing | padha pupuji mring Sèh Mongraga | luwih luhung mangunahe | mulane kang ramèbu | maring putra mantu langkung sih | anon ing putra kara | dènnya krama runtut | miwah sagunging santana | atanapi wau ingkang rayi kalih | Jèngwèsthi Jayèngraga ||

276. Langkung samya sukanirèng galih | yata wau Ki Bayi Panurta | duk lênggah lawan mantune | garwanira tan kantun | Tambangraras tansah nèng wuri | yata nimbali sigra | kalih putranipun | Jayèngwèsthi Jayèngraga | atanapi Pangulu lan para ari | Suharja Wiradhustha ||

277. Ki Panukma lan Panamar tuwin | Kulawirya lawan pra santana | Basarodin sa-modinne | lurah santri sadarum | bundhêl desa para pêtinggi | magêrsari sudagar | kamisêpuhipun | kabèh sami tinimbalan | datan ana kêliwatan santri siji | aglar prapta ing ngarsa ||

278. Tan kêliru lalinggihannèki | santri Luci mêdalkên sugata | gembol lawan tapsirihe | miwah pateyanipun | tèh manisan lan wedang kopi | rampadan panganan |Kurang satu suku kata: rampadan pêpanganan. wradin sadaya wus | kêndhuri sêkul panjangan | Kyai Bayi ngling payo padha awijik | agêpah kang liningan ||

279. Nulya dhahar eca nutug sami | langkung dènnya darbe sanak kadang | myang mring sakulawargane | nadhah samya pikantuk | langkung royom ramening bukti | wus nutug dènnya nadhah | ambêng nulya dinum | kang sêkul miwah panganan | samya binarêkat sadaya waradin | warêg mangan ambrêkat ||

280. Santri Luci ngatak kang ngladèni | panjang piring ingundurkên samya | myang kang kakêlut barêsèh | wusnya nginang audud | Amongraga umatur aris | mring kang rama yèn arsa | ngêlih namanipun | Jayèngwèsthi winastanan | nama-amba

--- 7 : 130 ---

kawula sungkên pun yayi | Jayèngrèsmi prayoga ||

281. Kyai Bayi suka anjurungi | miwah ingkang pra kadang sêntana | jumurung amatutake | kang sinung nama langkung | sukanira jroning galih |Kurang satu suku kata: sukanira jroning panggalih. Ki Bayi lon ngandika | marang ing sadarum | kabèh padha ngèstrènana | ing karsane anakmas Sèh Amongragi | Jèngwèsthi ngalih aran ||

282. Winastanan mangke Jayèngrêsmi | padha ngumumêna wong sadesa | Jèngwèsthi ran Jèngrêsmine | sadaya saur manuk | bêbarêngan gumuruh atri | (n)Jêng Kyai malih nabda | hèh Luci dèn-gupuh | jênang jênêngan wêtokna | santri Luci sigra ngatak kang ngladèni | ambêng jênang pinasang ||

283. Angling mring Pangulu Basarodin | donganana Kabul Slamêt mulya | Jayèngrêsmi sêlamête | sandika Ki Pangulu | andongani Kabula mugi | ingaminan gumêrah | pandonganira wus | kang jênang nèng takir ponthang | gya binage pinêthak sampun waradin | suru janur tulisan ||

284. Samya nyuru jênang caca manis | santri cilik gumêdêr rêbutan | samya gêlaprut raine | sawusira anutug | nulya pamit linilan sami | yata samya bubaran | sowang-sowang mantuk | sira Ki Sèh Amongraga | lawan ingkang garwa sakucumbunèki | kundur mring dalêm wetan ||

285. Kyai Bayi kundur sing pandhapi | malêbèng wisma lan nyainira | tan ucap wau siyange | prapta ing wêktu surup | Sèh Mongraga asalat Mahrib | garwa lan kucumbinya | ing bakda Ngisa wus | laju tumamèng ing tilam | Amongraga amijilkên sabda jati | pitutur mring kang garwa ||

384. Mijil

1. Apan sarya winêjang ing ngèlmi | sadaya wus winot | sapangawikanira kakunge | winêjangkên marang ingkang rayi | dhasar sang dyah lantip | ing sasmita putus ||

--- 7 : 131 ---

2. Kêtadhahan sawêjanging laki | marang sang lir sinom | mila sang dyah kêlangkung sungkême | rinêngkuh guru pangeran yêkti | nadyan pati urip | kasrah marang kakung ||

3. Lamine sinung wisma pribadi | tan pisah anèng jro | ingkang rama tan tega yêktine | kapering lèr-wetan wismanèki | nging ladosan maksih | saking ibunipun ||

4. Langkung sinungga-sungga sru dening | sihing ibu among | lir suwita kang ibu ambêge | dening mantu ambêge tyas êning | nor anjayèng kapti | ing ngèlmu wus putus ||

5. Pan sêdaya wong Wanamartèki | asih mring sang anom | uwa paman miwah para ipe | pan sadaya ngalap kawruh jati | mring Sèh Amongragi | binabaran kawruh ||

6. Ingkang lagya karênèng tilamrik | akarongron raos | Tambangraras aris ing ngature | mring kang raka Ki Sèh Amongragi | masalahing ngèlmi | tur sêmbah sumungku ||

7. Ya tuwanku sang utamèng lir ning | kang tulus sih among | kang punêndi marga sajatine | mêngke nguni panggawe kang luwih | aywa tanpa gati | amba nuwun sinung ||

8. Tuduhêna ingkang asayêkti | ring pangulahing (n)don | supaya tan kongsi tanpa gawe | lampah ingkang utamèng ngaurip | kranaipunkrananipun. êndi | sampurna ing tuwuh ||

9. Dan lingira Ki Sèh Mongraga ris | yèn sira yun mêngko | uninga ing marga sajatine | patèkêna sariranirèki | yaktya manggih urip | lamun bisa lampus ||

10. De kang aran pati iku yayi | anor ing Hyang Manon | anor ingkang samêkta samine | kang nor bukti kang nor maring juti | kang nor ing sasami | kang nor nginum turu ||

11. Kang nor maring rajah tamah tuwin | nor ing luba mumoh | yèku mati jroning urip rêke | badan budi mring hawa dèn-lali | muhung Hyang Suksma di | dinulu linuru ||

12. Dudu luru midêr anguliling | aminta sihing wong | yèn antuk dèn-rêraga polahe | yèn tan olih mangke amuriring | ing panggawe dèn-sih | sanggonne kadulu ||

--- 7 : 132 ---

13. Mapan rêke ingaranan pati | pan dudu mêngkono | de kang aran pati sajatine | angawruhi ing sarira tèki | dèn-têkèng ayêkti | wruh ing marga ruhur ||

14. Kang wus nyatèng sajatining dhiri | panggawe kang kaot | marga iku apa pandungkape | wau mentar wus têkèng nagari | durung aningali | sang ratu katêmu ||

15. Anging iku pan pênggawe luwih | kang têka ing kono | anirnakkên saliring panggawe | kang aran sarira kang wus taki | aywa tan kalingling | punika marga yu ||

16. Iya iku kang ingaran pati | patine wong kaot | kang wus awas tan uwas anggane | yèku pati patitising urip | wus prasanak pati | uripe linuhung ||

17. Yogya tata kinèn kang sayêkti | aywa amirangrong | nyata kêna sapa lêlêngkane§ Ing Serat Centhini Pisungsung / lelekane /. | mapan sarira iki kêkalih | karo dèn kalingling | aja na kang kantun ||

18. Roh lan jasad iku tunggal dhiri | dhirining Hyang Manon | pan jumênêng kalawan dhèwèke | ananira ênêng ingkang êning | rampunge pangèksi | pamêksaning laku ||

19. Laku lakon ana tèki-tèki | kêlanggêngan jumboh | wus tan ana kakange adhine | langgêng Maha Sucinirèng Widi | tan kêcampur dening | karsa ingkang huru ||

20. Namung karsa kewala pribadi | pandulu dinulon | lir andulu paesane crêmèn | apan tan lyan kang tumingal sami | mung dhawakirèki | tan sêlayèng kayun ||

21. (m)Bukak larangan kang wus rinêmpit | pingitan ginêdhong | kang kinunci ing ngèlmu papake | mung datira sajatining sêksi | apan anêksèni | ing pribadinipun ||

22. Pribadine panunggaling puji | puji kang sajatos | jatining Hyang iku panunggale | tunggal ajal tunggal abadnèki | wusing sêsasiki | tan ana sêsiku ||

--- 7 : 133 ---

23. Têgêse ajal puniku wiwit | wiwitan kawaos | tanpa krana mungguh ing anane | lire abad tan ana ngarèni | tan witan mêkasi | ananira iku ||

24. Samya tan ana ingkang (n)dhingini | tanna ngarèni pon | anging ananira juga dhewe | tunggal ka-ananira Hyang Widi | mulyèng sadat jati | -ning Hyang kang Maha Gung ||

25. Ingkang sêksi kalawan pribadi | tan ana wujud ro | nanging ananira purba dhewe | angarani anane pribadi | purba arannèki | purba wujudipun ||

26. Purba rupa purba ing pakarti | purba ajal rêko | purba abad purba kajatène | purba tunggal purbaning sih jati | jatining wus siji | mung angga kitèku ||

27. Angganira iku sadat sati | jatine tan anon | jatining sêksi rupanta kuwe | anêksèni anane pribadi | basa jênêng yayi | dating Hyang Maha Gung ||

28. Kang tan kantha warnambu-raswèki | tan arah tan ênggon | datan kêna dinuga wujude | kinarya pa jroning tekang ati | sabab iku napi | tan kêna winujud ||

29. Dene isbate Hyang iki yayi | kang dat sipat rêko | lan apêngal iku têlu lire | êdating Hyang ananira tèki | sipating Hyang Widi | ahlinirèng ilmu ||

30. Apêngaling Hyang uripirèki | samya isbat manggon | iku ingkang pêsthi ing anane | asmaning Hyang jênênging kang latip | mulane kitèki | ingakên Hyang Agung ||

31. Sabab kita amrat isbat napi | ing patêmon jumboh | paekane tan ana paene | asmaning Hyang napi ingkang pêsthi | hakira§ Prayoginipun / nakirah /. ing Widi | mungguh ing Hyang Agung ||

32. Aran kita iki napi jinis | parbedaning roro | napi jinis mungguh kita kiye | napi nakirah mungguling Widi | yèku tan sarênti | suhuning Hyang Agung ||

--- 7 : 134 ---

33. Ingkang guwa-garba wêwah wêning | tan samar sumrowong | ngèlminira akathah unggahe | saha sêmbah matur maring laki | nuwun kang punêndi | ing kakekatipun ||

34. Kakekating dunya kang utami | kang raka lingnya lon | kakekating dunya iku Nikèn | apan patang prakara kang dhihin | pamuwus kang manis | aywa kongsi saru ||

35. Kapindhone nêtêpi agami | Islam lanang wadon | kaping têlu kang bangêt wêdine | marang Allah kang Amaha Sukci | kaping pat kang bêcik | ngamale kang sukur ||

36. Ngamal puwasaning badan yayi | acêgah wiraos | pangucap kang siya-siya kuwe | lan puwasaning nêptu dèn-kèsthi | cêgah sumngah kibir | myang suka gumuyu ||

37. Cêgah warêg turu nginum bukti | de puwasaning roh | cêgah cipta kang ala nêlèmpèng | lawan malih puwasaning budi | cêgah nêpsu sirik | bangsa kewanipun ||

38. Bangsa setan jajil lan eblis |§ Prayoginipun / jajilanat eblis /. cêgah kang mêngkono | dene puwasaning rahsa Nikèn | pan acêgah tingal kang anilip | kang tan patut kèksi | sirik lawan suwung ||

39. Tambangraras tyasira mawêrdi | anut ing sapakon | tan kumêlap salilab kalbune | matur mugi tuwan lajêngnèki | têpangipun nguni | wuwulang kang wau ||

40. Sèh Mongraga angandika aris | kawruhana ing ko | pamusthining sêmbah puji rêke | panunggale lan Nabiullahi | tunggal dat sipati | asma apngalipun ||

41. Ananira rupanira iki | ananira rêko | panggawenira obah osike | apan Nabi Allah kang hakiki | muntalèking Widi | sêmbah pujinipun ||

42. Yèku pamusthining kang sajati | aywa doh kang manon | paningalira ingkang sawèntèh | sira lan kang murba misesa ki | tan na antarèki | panunggaling wujud ||

--- 7 : 135 ---

43. Tunggal solahbawa muna-muni | apan wis mangkono | kang tan wêruh adoh pangidhêpe | saking kadohan kewala wingwrin | kawêran ing eblis | anduduga dudu ||

44. Tan wruh yèn Suksma ana ing dhiri | -nira kang wong winong | Hyang ngaluhur tan kêna wiyange | karsaning roroning asiji |Kurang satu suku kata: karsaning Hyang roroning asiji. sajatining puji | muji dhawakipun ||

45. Basa dhawakira iku jati | jatining Hyang Manon | cipta kang tan kasêlan ciptane | ripta kang tan kasêlan ing budi | budi tan kaslan ing | angên-angênipun ||

46. Angên-angên tan kaslan ciptèki | pat iku wus jumboh | suhul têtêp tinêtêpan kangsèn | kang mangkono pawore sajati | tan dumèh wus bangkit | akèh ngèlmunipun ||

47. Tan dumèh wus tapa wus angaji | sêmbahyang linakon | tapa-a dèn-kongsi kaya gosèk | ngaji dèn-kadi jalak gulathik | sêmbahyang dèn-kongsi | bênjud bathukipun ||

48. Lamun tapa pangolahing tokit | tan têkèng sajatos | lir cicitho saparan-paranne | mubêng kèngêl muwuhi panyakit | tan mencok ing titis | ibêre baliwur ||

49. Ti-atinên yayi ing kajatin | kang murung lêlakon | pangrusaking kêjatèn ya Nikèn | patang prakara iku dèn-eling | ingkang dhingin kibir | sumngah jubriyèku ||

50. Kaping kalih tan ngandêl ing dalil | kadis pinaido | ping tri ambukak larangan gèbrèh | kang wus linarangan dalil kadis | jêmak kiyas-nèki | tan akunci kalbu ||

51. Ping pat goroh palacidra nilib | ywa pepeka kono | ingkang garwa anuwun ature | amituhu pituturing laki | linakon anggusti | pamusthining kalbu ||

52. Bakda dènnya panggusthining ilmi | minulyèng karongron | satêngahe sanggamèng gatine | pan winulang ngilmi rasa jati | tibaning purbèng sih | tan pêcat lan ngèlmu ||

53. Suhul ing asmaragama nênggih | limang prakarèng (ng)gon | ingkang dhihin asmarayoga-ne | pangalaping panggawe raswèki | saking tulang sulbi | Adam ing sakayun ||

--- 7 : 136 ---

54. Ping kalih asmaranala nênggih | pangalaping raos | saking tyas kang suci pawiyose | kaping tri asmaratantra nênggih | pangalaping raswèki |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / ngalaping raswèki /. saking rupaning hyun ||

55. Ping catur asmarajuwita di | pangalaping raos | saking sadayanipun asline | kaping lima asmaratura di | pangalapirèki | saking roh raswèku ||

56. Patêmone Hyang Kang Maha Sukci | raswane roh kono | dadya Rasullolah kèh juluke | patêmone rasul maring sulbi | patêmoning sulbi | apan maring sungsum ||

57. Patêmoning sungsum apan maring | balung maring otot | patêmoning otot maring gêtèh | patêmoning gêtèh maring daging | patêmoning daging | wujud ngilmu Ênur ||

58. Suhul Muhamadiyah ayani | sabitah têtêp jro | anèng ing dalêm lokilmakpule | wus winêdhar surasaning ngèlmi | rampung sakaliring | ngèlmune akasut ||

59. Kawarna-a kang tansah mongrêsmi | pinarak karongron | anèng tilamsari lan garwane | sabakdane salat Ngisa sami | Ki Sèh Amongragi | (ng)gagas cipta bangun ||

60. Sanityasa umandêg rasaning | Suksma sadya kepon | mèh lali ya ing toh jiwanggane | miwah ayuning garwa tan kèksi | mêhêng mangrênggêpi | sang dibya mangung kung ||§ Prayoginipun / mangunngun / [mangungun].

61. Kawistara dènnya amalatsih | de mêhêng wirangsongwirangrong. | sampun kawandasa ri lamine | tan milalu tadhah lawan guling | tan kaur papanggih | lawan rama ibu ||

62. Kadang warga wangwang mring Mongragi | kang lagyasmu wirong | samya maklum ing pahêman mêne | namung garwa kang mupid ing laki | rèhning wus aliring | tumpêking pamuruk ||

63. Dadya tan pati juwêd ingkang ling | panjating tyas kepon | yèn ta kadya pangantèn jamake | sêdhêng mangulah langêning sari | mamrês ing ngarêsmi | anêlaskên kayun ||

--- 7 : 137 ---

64. Suprandene sang ayu tan wingwrin | ing tyas tan kêmêjot | saking dening subrangtèng ngèlmine | tinataskên patitising Widi | tan lêledhèng kapti | sangêt gênging sukur ||

65. Tan kêna sah mèt sakarsèng laki | sabên tan kêna doh | siyang dalu sapari-polahe | cèthinira Cênthini tan kari | sasaosan mêksih | kadya sabênnipun ||

66. Ing nalika yata Sèh Mongragi | kang nandhang onêng bot | sapta ri sapta dalu lamine | kapti kapêtêg ngantan mawingit | pananira lêsning | lênglut anèng tajug ||

67. Amancad dalan catur prakawis | tingalira jumboh | sipat jamal jalal lan jamale§ Prayoginipun / kamale. | sipat kahar ingkang anglimputi | pambuntuning budi | komplang suwung gêmplung ||

68. Nir tan ana pancabaya kapti | lêngêng ing Hyang Manon | wus tan ana majad ing jêrone | dadya ling linglit tyasirèng kamil | kagyat duk miyat ing | wau ing dyah ayu ||

69. Tumingal ing raka swuh kang galih | sumungkêm ing pangkon | pan mangkana sang dyah panêrkane | paran ingkang dadya luput mami | sangêt dosèng laki | tan wande papa gung ||

70. Rèhning dèrèng kawêdhar kang wingit | tanggap katêlangso | Nikèn Tambangraras graitane | baya kaduwung akramèng mami | dene darbe dasih | ya maring katèngsun ||

71. Èsmu merang sang dyah langkung ajrih | ngingsêr saking ngênggon | saha sêmbah tangi ing pangkone | tan atêbih tumungkul awingit | tan arsa mulat ing | pasuryaning kakung ||

72. Yata pitung dina dènnya wingit | wite wêktu Suboh | tanpa wêktu laminya tan mèngèng | dadya tan kêcap sêgu tan osik | lir kamanungsaning | tanalyèng tanajul ||

73. Wêktu Subuh Luhur lan Ngasar-i | Mahrib Ngisa towong | pan wus koyup ing kala panane | dadya angluwari purba jati | angandika aris | marang garwanipun ||

--- 7 : 138 ---

74. Dhuh masmirah kang asarwa rukmi | kumala di kaot | dèn-kêpara ing ngarsèngong kene | baya tuhu sarining rêtna di | ambêk ta ing laki | mirah jawatèngsun ||

75. Praptèng pitung wêktu de tan gingsir | bukuh ing palunggoh | sang lir puspita atur sêmbahe | saha majêng mring ngarsaning laki | pinapag ing liring | pan sarwi anggayuh ||

76. Jarijinya panuduh pinidih | saha ngandika lon | ajwa kaduk tampa nahing anggèr | sarèhning sun mênêng masku ari | mêngko sun tuturi | mirah jiwaningrum ||

77. Sayêktine sun arsa apamit | mring sira masingong | marang Naya-ganda ing banjure | arsa wikan wêkas-wêkasaning | kulon wetan yayi | êlor lawan kidul ||

78. Aywa dadi woding tyasirèki | andasihkên ingong | dipun tulus sihra nah-anggèr |Kurang satu suku kata: dipun tulus sihira nah-anggèr. pan wus mêngkono karsèngsun yayi | pan arsa nglanglangi | ing wong ahli wuyung ||

79. Poma yayi wêkas-sun sirèki | ing sapungkuringong | manawa na Hyang Suksma karsane | pinundhut ingsun ajal dina kir | sirèngsun-lilani | krama-a sirèku ||

80. Ngulatana kakung kang prayogi | ingkang bagus anom | kang utamèng ing sastra ta rêke | nora kêna babo ginagampil | iya wong akrami | tuwin wong (ng)guguru ||

81. Ya mulane angguguru yayi | milih janma kaot | datan kêna singa wonga anggèr | kang kalêbu ing catur prakawis | têmên gêmi muklis | wêkêl ingkang wungkul ||

82. Iya iku kang prayoga yayi | kang wênang ginuron | guru-laki tan ana bedane | tiwasing guru badan tan kari | sanggonne kang cangking§ Prayoginipun / kacangking /. | dèn-dhadhunga katut ||

83. sarêng myarsa dyah sabdaning laki | sumaput kang panon | lir katujwèng sela pranajane | dadya bawur paningalirèki | anglir dènlolosi | sang dyah tulangipun ||

--- 7 : 139 ---

84. Lir pinusus bayu mring wiyati | sungsum balung otot | sirna kabèh pêsat ing anggane | mênggah-mênggah aturirèng laki | dhuh panutan-mami | sêksènana ulun ||

85. Datan mantra-mantra yèn angimpi | malih ing pandulon | amba anut tuwan saparanne | ajur kumur-kumura ing margi | tan sumêdya gumingsir |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / tan sêdya /. nadyan têkèng lampus ||

86. Trênyuh myarsa Ki Sèh Amongragi | myat kang garwa ngepon | sang dyah luluh prasêtya atine | Sèh Mongraga angandika aris | astanira sarwi | narik jangga pungkur ||

87. Yayi dèn-kaparèng ngarsa mami | myarsakna ling-ingong | dèn-narima dèn-waspada Nikèn | andhang§ Prayoginipun / andang /. pira tyasira kalêmpit | lsirasira. lawan mami | mami lan Hyang Agung ||

88. Sira datan andulu ing kami | wus sinung pandulon | mring Hyang Kang Maha Sukci Nikèn |Kurang satu suku kata: maring Hyang Kang Maha Sukci Nikèn. dadya sira tan pae lan mami | mulyaning dat jati | tar wang-wang sawegung ||

89. Krana kabèh iku sajabaning | êdating Hyang Manon | yèku mahluk yayi sadayane | tinggal nilib panggodhaning eblis | amblês anèng kapti | kapitèng tyas dudu ||

90. Têguhêna yayi tyasirèki | dating Hyang anèng jro | jinêmira kasuciyanane | upamane angganira yayi | wastra lus seta di | cinitrèng jalêngut ||

91. Wit winasis rèngrèngan rêspati | trusane tan dhompo | rapêt datan nilib tembokane | lilin putih wêdêlane langking | mung kewala nganti | ing babarannipun ||

92. Pamberating citra ingkang rêmit | liline linorod | nètès kabèh adining panggawe | pantês kagêm ing Sri Narapati | liring Narapati | Sang Hyang Kang Maha gung ||

93. Yèku wangsuling awon mring bêcik | bathikan linorod | lêwih lara kinira majade | rasaning wedang kang molak-malik | babaranning wali | linorod papa gung ||

--- 7 : 140 ---

94. Panasing Hyang kang lêwih saking gêni |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / Panase kang / [maksudnya tanpa Hyang, jadi: panase kang lêwih saking gêni]. yèn mungguha abot | luwih saking watu wukir bote | wong kang bisa tinggal kadonyèki | sêbab iku sirik | asih ing sisiku ||

95. Kang kumandêl sira ing Hyang Widi | sinung sih kinaot | datan ana tinimbang padhane | pasajèngsun pamit ing sirèki | mung sira kang sun sih | babare ing besuk ||

96. Bok manawa na nugrahèng Widi | mring sira masingong | pupusên ing driyanira Nikèn | kapindhone sun arêp ngulati | ring arimu kalih | jalwèstri kawlas-hyun ||

97. Tan wruh lamun manggih pati urip | anandhang rarêmpon | rêbut urip saparan-paranne | pisah lan manira kawlas-asih | baya datan lami | (ng)gèn-ingsun angluruh ||

98. Nikèn Tambangraras tan bisa ngling | mingsêg-mingsêg alon | marawayan drawayèng pipine | lumuntur lir turasan waspèki | kang raka ngarihi | sarwi ngusapi luh ||

99. Surat ingkang nugraha marnani | lir wulan angayom | sasontên mila ngimur garwane | Amongraga rumakêt ing rabi | rinubanan ing sih | kadya mas tumimbul ||