Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 8 : [0] ---

SÊRAT CÊNTHINI LATIN 8

YAYASAN CÊNTHINI YOGYAKARTA

--- 8 : [i] ---

SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS)

Yasandalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta

JILID VIII

Kalatinakên Miturut Aslinipun dening KAMAJAYA

[Grafik]

Penerbit: YAYASAN CÊNTHINI Yogyakarta, 1989

--- 8 : [ii] ---

Pênêrbitan punika dipunwragadi dening Dana Banpres S.K. No. 030/8/Th.1988 Tgl. 29-2-1988

Babon ingkang kalatinakên

Sêrat CênthiniDitulis dengan huruf Jawa.

SÊRAT CÊNTHINI

Koleksi: Balai Kajian Sejarah Dan Nilai Tradisional Ditjen Kebudayaan Dep. P dan K Yogyakarta

Hak Cipta Dilindungi Undang-Undang

Penerbit: Yayasan Centhini

Buku ini dicetak dengan sumbangan Perum Balai Pustaka

--- 8 : iii ---

PATHOKAN NGLATINAKÊN SÊRAT CÊNTHINI

Pathokan nglatinakên (transliterasi) Sêrat Cênthini kados ing ngandhap punika:

1. Dhasaring pathokan 'Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan', Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta 1977.

2. Pangalih-aksara muhung miturut aksara Jawinipun. Pramila wontên satunggal têmbung sêratanipun Latin warni-warni, kadosta:

sudigbya - sudibya;

masjid - mêsjid - masjit;

watak - watêk - watag.

3. Aksara Jawi kasêrat Latin:

caDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... c

daDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... d

dhaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... dh

jaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... j

yaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... y

nyaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... ny

thaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... th

4. Sandhangan swantên taling (eDitulis dengan huruf Jawa. ) dipunsêrat: /e/.

Swantên taling ingkang beda pamaosipun kalihan /e/, kasêrat kanthi tandha (diakritik) /è/, i.p. tumrap têmbung-têmbung ingkang kaanggêp pêrlu dipunsukani tandha, kadosta:

Èmpêr - èmpèr;

Lêmpêr - lèmpèr;

Gêgêr - gègèr.

5. Sandhangan swantên pêpêt (êDitulis dengan huruf Jawa. ) dipunsêrat /ê/.

6. Murih runtut saha gampil panglacakipun sabên pupuh dipunwêwahi angka urut: I, II (angka Romawi) sarta pada angka urut: 1, 2 lst.

--- 8 : iv ---

7. Angka urut kaca isining buku jilid 1 angka 1 dumugi tamating jilid 1, kaca 332. Ing jilid-jilid lajêngipun sabên jilid kawiwitan saking kaca 1.

8. Migunakakên têtêngêr:

( ): kangge ngapit perangan wêwahan, kadosta: (m)botên, (ng)gèr, (n)dadosakên.

(?): têtêngêr perangan ingkang mbotên cêtha utawi ingkang risak.

[ ]: ingkang wontên salêbêting têtêngêr punika, botên pêrlu kawaos.

9. Kalêpatan ing dalêm naskah, upaminipun: /gagal/ kaparingan tandha...*) ing wingkingipun, salajêngipun ing ngandhap wontên cathêtan (footnote): prayoginipun /gigal/ = dhawah.

--- 8 : v ---

ISINIPUN SÊRAT CÊNTHINI VIII

Sêrat Cênthini jilid VIII isi 103 pupuh, wiwit pupuh 404 dumugi 506 ... kaca 1-286

Urut-urutan saha gancaring cariyos kados ing ngandhap punika:

I. Lampahipun Sèh Amongraga lolos saking Wanamarta kadhèrèkakên Jamal Jamil dumugi tlatah guwa Sraboja. Ki Arisbaya ingkang kapanggih ingriku nêdahakên laladan guwa kalêbêt kadhaton Kabarehan, guwa Kalak, tlaga Madirda, lajêng ing Dalêpih, rêdi Lawu tuwin rêdi Adêg.

1. Ki Arisbaya nglajêngakên dongèngipun kadhaton Kabarehan. Sèh Amongraga kairid manjing prênahing swantên anggêgirisi, gumuruh pating jalêrit kados lampahipun tiyang boyongan angili. Sèh Amongraga 4 dalu wontên ing ngriku manungku puja.

Lampahipun kalajêngakên, andarung nurut ardi Sakêthi (gunung Sèwu), ngambah rêdi Bungkak, Bau, Lèrèk, Kunci, Patak, Tekong lss. Dumugi ing guwa Kalak, kapanggih Ki Lokasraya. Ing ngriku lêrêm 21 dintên, adus ing patukan toya, lajêng tumurun dhatêng jêrambah badhe lumêbêt ing Song-putri. Arêpit rakiting guwa, pintu guwa kados ruji karang mêncorong. Manjing Song-putri sumêrap langêning song, sangkêp kadi raja kaputrèn endah, wontên ingkang kados pasareyan, sumbul lan pratula, kasur, bantal, guling, pêponcèn lan pêthi. Mangandhap katingal kados langêning kaputrèn amêpêksi.

--- 8 : vi ---

Ki Lokasraya pratela bilih margi ing Song-putri rungsit sangêt, botên sagêd mlêbêt kajawi ingkang katarimah. ... kaca 1-13

2. Laju ngalèr-ngetan turut rêdi Sakêthi, ngambah rêdi Salumbat, Curak, Purak, Bêlah, nyabrang lèpèn Bêndha, manjat malih dhatêng Sênggami ningali Tlaga Madirda, pangombening kuda sêmbrani. Nuntên minggah dhatêng pratapan Andong-dhadhapan ing wukir Rêtawu. Wontên ng ngriku sêkawan dalu. ... kaca 14-15

3. Lajêng tumuju rêdi Dalêpih pinanggih tiyang macul ingkang suka pemut supados ngatos-atos. Ngambah dhusun Wiraka (têlatah Wanagiri), lajêng ngidul-ngetan dhatêng Dalêpih. Marginipun rumpil sangêt. Sakèthènging Dalêpih kasêbut wana Tirêban. Lampahipun nurut Bêngawan dumugi Dalêpih ingkang kinubêng ing rêdi alit-alit. Katingal kewan-kewan agêng-agêng kathah sangêt. Sèh Amongraga lajêng manungku puja, wêkasan sagung ingkang katingal sirna. Ingkang kapirêng kantun swantêning lurah lêlêmbut.

Saluwaring manungku puja, Sèh Amongraga angsal sasmita sumêrap sêkar sumringah ing Calêrèng. Toyanipun bêning sangêt, ing lêbêtipun katingal krikil manca-warna mawi cahya, lajêng dumugi ing guwa Sela-munggul, katingal kados danawa agêng. Ing lêbêtipun katingal sela langking kadosdene rakiting patilêman. Wontên guwa nama Jatha-ratu Kênyapuri. Miturut dêdongengan Dalêpih punika kêdhatonipun ratu Widanangga, ip. putranipun ratu Kidul ing Tunjungbang (sêgantên Kidul) patutan saking Prabu Angin-angin. Sang Ratu Kidul anggêntosi dados ratu ing sagantên Kidul, lajêng kagarwa dening Panêmbahan Senapati. Putranipun, ratu Widanangga ugi kagarwa Panêmbahan Senapati, [Sena...]

--- 8 : vii ---

[...pati,] ibu lan putra dados maru. Sakalih-kalihipun anjagi wahyuning kraton Mataram. Ratu Widanangga ing dharatan, Ratu Kidul ing samodra. ... kaca 16-19

II. Sèh Amongraga minggah lan anjajah rêdi Lawu, kacariyos punika pakayanganipun para dewa ing cariyos ringgit purwa.

1. Sèh Amongraga dalah pandhèrèkipun nglajêngakên lampah ngalèr-ngetan dumugi ing rêdi Lawu, langkung wot-watu (andha sela) dumugi Pangaribaya, manjat dumugi ing Marcukundha, watu (cakra) Srêngenge, kèndêl wontên ing Pakêlêngan, nuntên wontên prabawa, kapirêng suwantên jumêgur, pêtêng ndhêdhêt anglimputi, raos kêkês asrêp anglangkungi, sarta kapirêng kados suwantênipun tiyang surak-surak ing têngahing paprangan.

Lampahipun kalajêngakên minggah dhatêng Arga-dalêm nglangkungi Prêpat-kapanasan, dumugi Arga Diyèng, Sèh Amongraga lêrêm ing Arga-dalêm 3 dalu, lajêng nêrusakên lampah dhatêng Arga-dumilah dumugi Pakayangan ing puncak sela binatur sinangga ing kajêng tajug. Dumadakan sumêrap jalak gadhing (jêne) sajodho niyup rêbut dhucung, ing pratingkah têdah margi. Sanalika jalak kaêtutakên arahipun saengga kadosdene sumêrêp ingkang kêdah katuju. Lampahipun anjog ing kawah Candradimuka. Salajêngipun tansah manut aburipun jalak gadhing. Ing ngriku lajêng lênggah ing sela Mandragini; ing dêdongengan punika papan panyiksan. Lampahipun lajêng dumugi ing Karang-kawidadarèn, têrus dhatêng Sanggar-gung lan rêdi Pêtha-pralaya, laju ngidul-ngetan dumugi Tinjomaya, [Tin...]

--- 8 : viii ---

[...jomaya,] têrus dhatêng Cêmara-sèwu, mandhap anjog Têlaga-pasir, têrus dumugi ing Têlaga-sandi, Jalak gadhing tansah pitêdah margi.

Lajêng manjat malih saking dhusun Gandasuli, nuntên dumugi ing Sela-banthèng, Cêmara-lawang, guwa padhas. Kacariyos sabên Wuku Galungan, ingriku kathah sima ingkang anggêrogoti padhas lajêng kinêmah-kêmah, dhatêngipun sima ingriku andulur kathah. Lampah katêrusakên tumuju Arga-dalêm. Dumugi ing Jati Jêmpina ing puncak rêdi Tiling pakarêman ingkang wingit sangêt, janma mara janma mati; punika pakayanganipun Sanghyang Giri-nata. Botên wontên tiyang ingkang ngambah ing ngriku kajawi ingkang sampun linangkung, botên giris manahipun. Ing ngriku Sèh Amongraga, botên giris manahipun, lajêng manêkung, katarimah. ... kaca 19-31

2. Salajêngipun ngambah rêdi-rêdi, kadosta: Arga Pawênang, Arga Bayu, Arga Sadewa, Arga Candhirêngga, Arga Rimbi, Arga Kalithi, Arga Aji, Arga Bintulu, Arga Sukuh, sarta Arga Tambak. Ing ngriku kathah brahala lan rêca-rêca. Tata-rakitipun kadosdene pura, tilas cêpuri kadhaton. Kacariyos punika kratonipun Brajamusthi. Dene Arimba ing Pringgadani, makatên ugi rayinipun nama Prabakesa lan Dèwi Arimbi, sadaya wontên ing Pringgadani.

Wontên ing balumbang kèndêl lênggah ing sela Brajanusthi ingkang agêng sangêt mèh jujul jurang. Wontên ing ngriku pinanggih ingkang rumêksa ing rêdi, nama Ki Wrêgasana. Ajar punika nyariyosakên pucaking rêdi Lawu sadaya wontên 15, ing sisih kidul 7 lan ing sisih lèr 8. ... kaca 31-32

--- 8 : ix ---

III. Bab lampahing Kabudan tuwin petangan Pawukon lan sanès-sanèsipun. Ajar Wrêgasana ngrasuk agami Islam, lajêng puruita lan ndhèrèk lampahipun Sèh Amongraga sêsarêngan Jamal Jamil.

Ajar Wrêgasana ing rêdi Lawu ingkang agaminipun Buda nêrangakên lampahing Kabudan: botên nêdha ulam lan wohing dami. Lajêng anggêlarakên petangan Pawukon, Pranata-mangsa. Padewan, Padangon, Panca-suda, Sêngkan-turunan, Taliwangke, Samparwangke dalah têtulaking Paringkêlan (pangapêsan). Kasambêt bab: budi wadinipun tiyang agami Buda, pakêming maharsi, nugrahaning ngagêsang, gêntur tapaning maharsi lan lampahing kalêpasan sarta panitisan.

Sèh Amongraga ambatang lampahing panitisan ingkang sampurna, sadaya kapanggih lêrês, Ajar Wrêgasana rumaos kawon ngèlmunipun sarta kalêgan manahipun, wêkasan nyuwun puruita kanthi ngrasuk agami Islam. Namanipun dipun gantos dening Sèh Amongraga dados: Wrêgajati, sarta lajêng dhèrèk lêlanabrata. ... kaca 33-65

IV. Jamal Jamil madêg dados guru ngèlmu, ngebarakên ngèlmu ojrat (ngèlmu karang) damêl pengeram-eram. Pamrihipun milut tiyang kathah angguru anyungga-nyungga Sèh Amongraga. Sadaya lajêng lumampah ngênêr nyêlaki talatah Mataram.

1. Sèh Amongraga sapandhèrèkipun nglajêngakên lampah nyabrang Kali Sara, ngilèn dumugi rêdi Adêg, lajêng tirakat ing pucaking rêdi Bangun watawis satêngah wulan. ... kaca 65-68

--- 8 : x ---

2. Jamal Jamil ngebarakên ngèlmu ojrat i.p. ngèlmu karang kanthi malik paningalipun tiyang (sulap). Têtiyang dhusun ngungun sarta kayungyun dhatêng ngèlmu tuwin mangunahipun Jamal Jamil. Pramila dipun-akêni dados kyai guru, sinugun-sugun dipun-mêmule.

Sèh Amongraga kapanggih lurah dhusun Lêmahbang, wasta Sutagati, punika rèh-rèhanipun Pangeran Jayaraga. Jamal Jamil mapag Sèh Amongraga, kairing santri kathah sangêt. Kadhawuhan yasa masjid, sagêd enggal dados lan dipun-anyari. Jamal Jamil sabên dalu damêl pangeram-eram. Têtingalan emprak kanthi pêpujian slawatan damêl têtiyang pênthung-pênthungan, malah pêjah-pinêjahan, nanging wasana sagêd waluya, pulih kados wingi uni. Tiyang jêjêl uyêl-uyêlan ningali kaelokan damêlan. Sèh Amongraga anggung jênêk ing pangimaman ing mêsjid, tansah wontên ing salêbêting krobongan. Jamal Jamil nata santri-santrinipun kapantha-pantha dados sangang pantha, sabên pantha katêtêpakên lurahipun piyambak-piyambak. ... kaca 69-70

3. Sèh Amongraga kêrsa linggar dhatêng talatah Mataram. Lampahipun mêdal Jatisaba, wana tarataban alit, rêdi Sarêmbat (Sapikul), Kabasèng, nyabrang lèpèn Oya, mangidul lêrês dumugi wana Jakêrta anjog ing rêdi Pagutan, rêdi Sakêthi, laju mangidul dumugi rêdi Jimbaran, lêrêm ing rêdi Sambiradin (Sambirata). Lampahipun ginarubyug ing santri ngantos cacah 760 jiwa. ... kaca 71-90

4. Sèh Amongraga kadhèrèkakên para santri lumampah anyakêti Mataram, ginarubyug têtiyang ingkang sami dados muridipun. Sabên kèndêl tansah sami ojrat ngèlmu karang. Dumugi ing rêdi Celor, lajêng ngalèr-ngetan nyabrang lèpèn Oya sisih kidul, [ki...]

--- 8 : xi ---

[...dul,] têbing lambenipun ngungkuli toya, ing ngandhapipun guwa. Lumêbêt ing guwa wau, Sèh Amongraga sumêrêp gêdubang tuwin susur sata alus tilasipun tiyang nginang dèrèng dangu. Punika tilasipun Panêmbahan Senapati têtèki ing guwa Song-pati. Mêdal saking guwa nêrusakên lampah ngalèr-ngilèn dumugi Maladan, kapanggih tiyang nama Baulapa suka sumêrap wontênipun sela-undhi, sintên ingkang kiyat ngangkat lan manggul sela wau ngubêngi wit-witan agêng, yêkti kadumugèn panuwunipun. Maladan punika papanipun Panêmbahan Senapati matiraga. Lampah kalajêngakên dumugi pasisir, kèndêl ing rêdi Bungas cêlak lèpèn Kelor, wontên grojogan toya ing ngandhapipun guwa Song-pati. Punika papanipun Panêmbahan Senapati tapa asêsilih Sèh Bêngkung. Ing ngriku Sèh Amongraga tirakat tigang dintên, têrus lumêbêt mangandhap. Para pandhèrèkipun botên sagêd lumêbêt. Ing ngriku sêlawe dintên. Jamal Jamil têrus ojrat emprak, lajêng yasa mêsjid. ... kaca 90-139

V. Kacariyos ing krajan Wanamarta, salolosipun Sèh Amongraga, andadosakên sakalangkung sungkawanipun kulawarga Ki Bayi Panurta. Nikèn Tambangraras supe nêdha lan tilêm, tansah sêmbahyang, ngaos Kur'an tuwin sêdhêkah kêndhuri wilujêngan.

Ki Bayi Panurta lan kulawarga sami lênggah ing sêrambi, takèn wartos bab kesahipun Sèh Amongraga. Warni-warni aturipun para putra tuwin kadangwarga, sadaya botên wontên ingkang gumathok. Ki Sêbagi ingkang ahli petang ngaturakên petangipun dhawah awon. Ki Bayi Panurta nêrangakên pasupênanipun rontog waja (untu)-nipun

--- 8 : xii ---

tiga, nanging sarêng dipun-etang, dados nêm iji. Miturut Ki Sêbagi pasupênan wau ugi dhawah awon.

Kèn Tambangraras tata pangaosan para èstri, kêndhuri lan wilujêngan. Ramanipun angêngimur sampun ngantos sangêt-sangêt anggènipun Nikèn Tambangraras sungkawa ngantos supe adus tuwin dandan salimrahipun. ... kaca 140-150

VI. Pêpuntoning rêmbag Jayèngrêsmi, Jayèngraga tuwin Kulawirya badhe kesah tirakat ngiras-pantês ngupadosi Sèh Amongraga. Lampahipun katanggor-tanggor ing salah wèwèng maksiyatan.

1. Jayèngrêsmi, Jayèngraga tuwin Kulawirya kadhèrèkakên Nuripin ing sadèrèngipun Subuh lumampah mangidul, salat ing margi, sêrap surya kampir ing dhusun Kêplêng, sipêng ing griyanipun patinggi nama Suradigdaya, anakipun pêtinggi satunggal èstri taksih prawan sunthi nama Matiyah kaparaban pun Êndhuk, kapenakanipun wulanjar, sakalih-kalihipun sami ngladosi tamu.

Santri-santri ing dhusun Kêplêng sami gêcul, rêmênipun têtabuhan lan maksiyatan. Kulawirya ngajak têtabuhan wasana dados tayuban. Talèdhèkipun nama Gêndra. Jayèngrêsmi sumingkir dhatêng tajug. Jayèngraga anggrumut Matiyah, nanging botên pakolih, wasana kalampahan kalihan pun wulanjar. Kulawirya kalihan pun Gêndra. ... kaca 150-177

2. Enjingipun sami nglajêngakên lampah mêdal dhadhahing dhusun, laju lumêbêt wana Sêlambur, nglangkungi wana Bagêndhul, kèndêl ing ngandhap wit kusambi. Jayèngrêsmi mêdharakên bab kiparat lan nikmat.

--- 8 : xiii ---

Lajêngipun lampah dumugi dhusun Palêmahan, têrus dhatêng dhusun Mamênang, nuntên dhatêng Kêdhung Bayangan. Ing têpining kêdhung sami bawa-raos bab tekad tirakatan tuwin wahya dyatmika. Katêrusakên lampahipun dhatêng ing rêdi Klothok. Ing dhusun Pakuncèn, sêsêpuhing dhusun nama Ki Wanatawa, kapurih ngêtêrakên minggah ing rêdi Klothok. Jayèngrêsmi pitakèn dhatêng Ki Wanatawa punapa nate kêpanggih tiyang tirakat wasta Sèh Amongraga kanthi santrinipun kalih.

Winangsulan botên, wasana ing dalunipun sami sipêng ing guwa Selamanglèng, ing nguni pandhepokanipun Dèwi Kilisuci, pandhita putri. ... kaca 178-201

3. Enjingipun sami kadhèrèkakên dhatêng Pakarêman kapanggih Sèh Ragayuni ingkang adhêdhepok ing rêdi Kalênglêngan, ijèn tanpa kanthi. Para tamu sinunggata asal mangunahipun sang pinandhita. Bab dunungipun Sèh Amongraga, namung paring sasmita: kadosdene sata (ayam) mèmèti ngupados patarangan. Samangke sampun wontên ing prênah kidul-kilèn nanging botên pêrlu dipun-susul, ing têmbe badhe sami kapanggih.

Sèh Ragayuni paring wêjangan bab: pralambang pamoring kawula Gusti, sarta pralambang ngagêsang kados tiyang kakesahan kampir ing margi, sarta panunggiling rasa kajatèn, têlênging salat, panganggêp dhatêng Pangeran, pangidhêping sawiji-waji, tokid jatining kasidan. Wasana Sèh Ragayuni paring katrangan dunungipun Sèh Amongraga têmbenipun ing Wanataka. Ing têmbe sadaya badhe sagêd kapanggih ing ngrika. Enjingipun sami pamitan kanthi sêsalaman. Ing wêkdal sadaya sami/rumaos salaman, sanalika Sèh Ragayuni musna botên katingal. Sadaya sami ngungun. ... kaca 201-218

--- 8 : xiv ---

VII. Dumugi ing dhusun Pulung, Jayèngrêsmi sipêng ing griyanipun pangulu Jabalodin. Jayèngraga lan Kulawirya ing griyanipun nyai randha Sêmbada kanthi maksiyatan sakalangkung rêsah.

1. Lampahipun Jayèngrêsmi, Jayèngraga lan Kulawirya kadhèrèkakên Nuripin dumugi ing dhusun Pulung, njujug ing griyanipun pangulu Jabalodin. Kapirêng ungêling gangsa, têtabuhan ing griyanipun randha Sêmbada, Jayèngraga tuwin Kulawirya ingkang sakalangkung rêmên gêgêndhingan nyalimpêt, lajêng kengkenan Nuripin dhatêng bok randha sangadi ngupados pasipêngan, tinampèn kanthi suka rêna.

Ing salêbêtipun Jayèngraga lan Kulawirya wontên ing karandhan, Jayèngrêsmi rêrêmbagan kalihan pangulu Jabalodin bab absahing jakat lan pitrah. ... kaca 218-231

2. Nyi Randha Sêmbada sakalangkung rêmêning manah angsal tamu Jayèngraga lan Kulawirya, sakalih-kalihipun bagus rupinipun. Sanalika sang randha kasmaran kapengin ngladosi kalih-kalihipun.

Randha Sêmbada punika sugih sangêt saking padamêlipun gadhe, ngijo lss. Anggènipun dados warandha wiwit ênèm watawis pantêsipun gadhah anak satunggal, nanging botên gadhah anak, wiwit alit kêdhi (botên anggarap-sari). Samangke umuripun sampun satêngah sêpuh, nanging sakalangkung drêmba ing tiyang jalêr. Siang dalu tansah ngawontênakên têtabuhan kalênengan ing griyanipun. Sadaya ingkang sami nabuh, malah sadaya tiyang jalêr ing dhusunipun sampun kacakan nyai randha. Ingkang kinasih kaum nama Duljaya jalaran sagêd suka pamarêm sang warandha, siang dalu tansah andon lulut, racak sabên siyang tiyang tiga, dalu tiyang tiga.

--- 8 : xv ---

Kulawirya rumaos kabêtah, mila ngladosi nyi randha ing samarêmipun. Ing wêkdal kirang napsu, kabiyantu dening panggalak Biyang Kacêr ingkang tansah siyaga mituruti sadaya dhawuhipun sang nyai. Tumindaking maksiyatan sakalangkung rêsah. Kulawirya kacêkap bêtahipun, angsal pituwas sinjang, dhêsthar, dhuwundhuwung. lss. Jayèngraga ndhumugèkakên anggènipun gêgêndhingan. Botên kadugi minangkani kajêngipun nyi randha, nanging nuruti napsunipun dhatêng Nyi Kacêr.

Saking sangêting kapenginipun dhatêng Jayèngraga, nyi randha pasaja dhatêng Kulawirya borong pangudinipun waton Jayèngraga purun nglanggati, sadaya kabêtahanipun Kulawirya dipun sagahi. Kulawirya nêrangakên kasênênganipun Jayèngraga botên sanès kajawi gêgêndhingan. Pramila nyi randha lajêng gadhah niyat badhe ngawontênakên tayuban ing dalunipun. ... kaca 232-266

3. Ing pakauman ki pangulu lêlênggahan kalihan Jayèngrêsmi. Nuripin sowan, kadangu bab Jayèngraga lan Kulawirya, matur pasaja sadaya kawontênanipun ing karandhan. Jayèngrêsmi botên patos kadugi, namung maklum.

Dhatêng ki pangulu Jayèngrêsmi suka pitêdah jêjêging pangulu nêtêpana suci badan, suci lesan lan suci manah. Awrat tiyang dados pangulu katêmpuhing batal makruh, walêr sangkêr makmumipun. Ki pangulu parentah dhatêng rabinipun atur pasugata dhahar. Anakipun èstri satunggal nama Sangidah angladosi, katingal kasmaran dhatêng Jayèngrêsmi, nanging Jayèngrêsmi botên nanggapi jalaran ingkang cinipta botên sanès kajawi Sèh Amongraga ingkang dipun-upadosi. Lorodan katêlasakên Nuripin ngantos kuwarêgên ngêbrok, wêkasan kaparingan santun bêbêd dening ki pangulu. Jayèngrêsmi [Jayèngrês...]

--- 8 : xvi ---

[...mi] nglajêngakên pitêdahipun dhatêng ki pangulu bab: Misil, riba lan rêjêki karam. Rêjêki karam nanging taksih samar, upaminipun maesa satunggan ingkang karam wontên 6 bab, i.p. : utak, balung, rah, pringsilan, lêmpong lan wulu. Ingkang kalal namung daging. Balung ênèm kalêbêt karam, iso ênèm mutawatosi, krupuk-rambak sagêd katutan wulu. Ugi kaparingan kêtêrangan bab: 1. Ngawruhi wajibing Rasul: sidik, amanat, tabligh, Mokaling Rasul: gidib, kiyanat, kitman. Sêdaya katêrangakên pêprincènipun. Katambah bab rukunipun wudu lan salat, sarta batal karamipun nênêdha sarta lampahing tobat saking lampah maksiyat. Ki pangulu badhe ngèstokakên, jalaran sampun rumaos dosa nate nuruti pangajakipun Randha Sêmbada awit saking kapèpètipun bêtah arta. ... kaca 267-277

4. NutipNuripin. wangsul dhatêng karandhan, kadangu ngaturakên bilih Jayèngrêsmi maklum dhatêng ingkang paman. Sasampunipun sami nêdha, cêpak-cêpak badhe salat Luhur. Ki KutawiryaKulawirya. adus jinabat ing blumbang, dumadakan dipun-susul nyi randha kalihan Kacêr, ginujêg pinêksa untir ing salêbêting toya, nanging botên sagêd damêl marêmipun nyi randha. Kulawirya sasampunipun wudu enggal dhatêng langgar badhe salat kalihan ingkang putra tuwin Nuripin. Sasampunipun salat lajêng lênggahan, wasana kasusul dening Kacêr kasuwun wangsul dhatêng wisma. Botên sanès namung supados ngladosi salulut kalihan nyi randha ngantos sarampungipun. Ki Kulawirya badhe dipun-caosi punapa ingkang dipun-pundhut, nanging kasumênèkakên. Ki Kulawirya wangsul dhatêng langgar pêrlu salat Ngasar, têka katingal têlês kêbês awit saking kasêsanipun, dados gêgujênganipun Jayèngraga lan Nuripin. ... kaca 278-284

--- 8 : xvii ---

5. Nyi randha Sêmbada ing siyangipun sampun parentah dhatêng Duljaya supados siyaga badhe ngawontênakên tayuban ing dalunipun. Kadhawuhan ambladhah pandhapi, ngundang ronggèng sarta ngaturi para lurah pêtinggi dêmang sakiwa-têngên ing Pulung. Sadaya sampun kalêksanan amargi katindakakên dening tiyang kathah.

Ing dalunipun Nyi Randha Sêmbada ngadi busana enggal, sinjang kêling golang-galing, kêmbên solok madukara tigas, sêngkang nata-brangta panunggul intên satunggal, gêlung munthil rinêngga sêkar rêroncèn, cundhuk cêpaka sakronipun, driji sadasa mawi sêsupe sadaya mripat intên mirah musthika sêtya ludira, kalung kacu kumbaya kusta, linggih ing gêlaran alus ngadhêp gêmbol mas, ngêntosi rawuhipun kenthol Jayèngraga tuwin Kulawirya sarta tamu ingkang dipun aturi. ... kaca 284-286

--- 8 : [0] ---

...

--- 8 : 1 ---

SÊRAT CÊNTHINI VIII

404. Wirangrong

1. Sèh Mongraga ngandika ris | marang Ki Arisbaya lon | yèn mangkono paman manira yun | pan arsa udani | têlênging Kabarèhan | ayo paman Arisbaya ||

2. Muga tuduhna wak-mami | marang prênahê kêdhaton | Risbaya turira sandika wus | tumindak lumaris | mring wana Kabarèhan | tan kari Ki Jamal Jamil ||Guru lagu seharusnya: 8a; tan kari Ki Jamil Jamal.

3. Mangalèr malipir wukir | lêmpat-lêmpiting lêlêmpong | prapta kayangan têlêngipun |Kurang satu suku kata: prapta ing kayangan têlêngipun. Kabarèhan wingit | kèh têluh taragnyana | sawulu-wuluning wana ||

4. Pan dadi setan myang bêlis | rumab sambang lêlês jorong | tuwêg jajanggitan blêg-kêthêkur | thong-thongsot pipindhir | lêlêmbut jajalanat | menje kêlunthung thèthèkan ||

5. Bajangkêrèk olang-aling | anja-anja lan bêbêthoh | cicir myang kêmamang ilu-ilu | kêblak banas-pati | tulah gêladrang lekrang | antu grêgês tulah-braja ||

6. Mangkana Sèh Amongragi | nèng paseban rawa rumpot | lire pawêrangkan rawa rumbut | nulya ngalèr malih | wana ing kêrabyakan | tambak calêrong bêbêgan ||

7. Rawa Pakuwon awingit | lêrês têlênging kêdhaton | langkung wingitira lêbêtipun | kêdhaton kang wus nis | wontên saka satunggal | agêng nèng têngahing rawa ||

8. Kinubêng wit cangkring-cangkring | myang druju gabus lan mendhong | sobrah dukut rawa ganggêng tunjung | biru putih kuning | toyanya wêning maya | -maya nyarong kadya kaca ||

--- 8 : 2 ---

9. Sèh Mongraga kawan ratri | nèng Kuwon têlêng kêdhaton | wana Kêbarèhan lamun surup | swara lir yaksa ngrik | myang sima agêluran | kadya surak mawurahan ||

10. Umyung swara gora tri | muring lêmut lawan jingklong | golongan pêpanthan agrêgunuk | salumbung gêngnèki | lumampah awêwêngan | jêjagowan kêkêbowan ||

11. Kumêrab amyang tinggi |Kurang satu suku kata: Kumêrab amiyang tinggi. pacêt lingsêng rês-êrêspoh | bêlatung kêpinjal sêmut-latu | caplak lalêr wilis | mabyungan tanpa rungwang | sawêr ulêr ting sêlasar ||

12. Kêtonggèng myang kalajêngking | kêlabang danlan. babak-salo | tuma tumpa-tumpa uyêl timbun | angrèp ngêsèt ngintip | gumrêmêt pal-êmpalan | wêl-wêlan sabodhag-bodhag ||

13. Jamal Jamil kirig-kirig | cêbrik sarwi atêtakon | marang Arisbaya marmanipun | kèh kang (ng)gêgilani | dêdulon nora kaprah | sukêr jênês jêjêmbêgan ||

14. Arisbaya anauri | sarwi bisik-bisik alon | têlêng Kabarèhan (ng)gih puniku | wus adat kadyèki | kabèh pan brêkasakan | rupa sawiyahing rupa ||

15. Rawa ing Pakuwon nguni | tilas kêdhaton ajêmblong | sang ratu Mahraja Sasrabau | katêlah samangkin | malah angkêr kaliwat | tan kenging kambah ing janma ||

16. Yèn ta sampuna wong èdi | bêndara-(n)dika nèng kono | amêsthi yèn gagrag kari balung | kewala ngalithik | (n)dika mangsa suweya | sakêdhap netranting sirna ||

17. Gêtih dagingira gusis | pinangan ing porang potho | tan kari samêrang dalah sungsum | balung kari aking | kang sato nora pêjah | jilmajalma. mara jilmajalma. pêjah ||

18. Dhêlêg-dhêlêg Jamal Jamil | anjonblonganjomblong. ulate cêlom | karo pandirangan myarsa tutur | tyasnya samya miris | yata Sèh Amongraga | nèng Pakuwon pakarêman ||

19. Kèh swarane sabên ratri | pating jlêrit kadya uwong | jalwèstri nom tuwa sru gumuruh | lir wong ngalih-alih | usung-usung dandanan | durung gambuh panggenannya ||

--- 8 : 3 ---

405. Gambuh

1. Samya gègèr gumuruh | setan mêmêdi lawan lêlêmbut | kêblak anggas têluh tulah-braja cicir | janggitan lan ilu-ilu | thèthèkan thong-thongsot gonggo ||

2. Bêbêthuh blêg-kêthuthur | gidrah-gêladrah ludrêg kalunthung | wèl-wèl lêthêg kulekah lêngkrah pipidhir | budhur bênglêng lêngêr saput | rumab anja-anja jorong ||

3. Mangkana swaranipun | payo kabèh padha lunga gupuh | ngungsi paran awêdi têmên nèng ngriki | ana tumbal kang linuhung | lah payo gage ambolos ||

4. Tan bêtah akukuwu | anèng kene awak rêmak-rêmpu | nora kuwat bêbalung lir dènlolosi | ting jarêlih nguwuh-uwuh | payo padha ngalih ênggon ||

5. Gumêdêr swaranipun | sawusira praptèng kawan dalu | Sèh Mongraga nabda mring Arisbayèki | êndi malih kang dinulu | kang angkêr-angkêr ing kono ||

6. Arisbaya umatur | datan wontên malih mung puniku | ing Pakuwon tilasing têlênging puri | wingit pribadi kalangkung | Sèh Mongraga lajêng menggok ||

7. Mangetan marang gunung | gunung Watulakar wastanipun | punthuk alit anèng pipinggiring rawi | praptèng nginggil wontên watu | lir blandar lagya cinathok ||

8. Sadalu anèng ngriku | samya bubar-bubar dhêmitipun | ingkang saking Pakuwon akesah malih | samya jrih marang kang rawuh | sadaya anglês alolos ||

9. Sèh Mongraga amuwus | payo paman Arisbaya mudhun | lan kang êndi margane ingkang abêcik | karsèngsun kewala laju | dalane ingkang mangulon ||

10. Mring guwa Kalak tèngsun | Ki Arisbaya alon umatur | inggih ardi Sèdhèng punika ing mangkin | mangidul (n)jok ing Selakarung |Lebih satu suku kata: mangidul (n)jok Selakarung. nuntên mangilèn kemawon ||

--- 8 : 4 ---

11. Risbaya wusnya matur | Sèh Mongraga anulya tumurun | lèngsèr saking wana Kabarèhan nênggih | ardi Sèdhèng menggok ngidul | praptèng Selakarung ngaso ||

12. Pan punthuk Selakarung | apan guwa Sraboja ing riku | Sèh Mongraga alon dènnya ngandika ris | paman Arisbaya uwus | wangsulèng-ngriku kemawon ||

13. Paman manirarsa laju | maring Kalak mung tuduhna tèngsun | Arisbaya umatur sarwi nor-ragi | lamun parêng sang abagus | saparan tan nêdya adoh ||

14. Sèh Mongraga amuwus | ya wus bangêt paman tarimèngsun | samya andum salamêt lunga kang kari | Arisbaya lon umatur | inggih kawula rumojong ||

15. Nulya salaman gupuh | Arisbaya anungkul (n)dhêkukul | gantya asêsalaman Ki Jamal Jamil | wus samya andum rahayu | Arisbaya kantun ing (ng)gon ||

16. Laju ing lampahipun | saking Selakarung (n)jujur gunung | lêlêmpitan jurang pèrèng lêmah miring | nusup rêngkêding wanagung | mangalèr anungsun sunglon ||

17. Sungloning samodra gung | ngêlojok sabêngawan gêngipun | lir narmada tukung kêlangkung jronèki | kadhang sinabrangan prau | kadhang nut kewala menggok ||

18. Ing klathak wastanipun | ngalèr-ngilèn lampahe andarung | tan ana dirgamèng wanadri kaèsthi | anasak galagah rayung | kang ruwêd ing wana bondhot ||

19. Prapta ing ardi Puthut | tanah wana Sidakêrsa nêngguh | kalih ratri dènnya rêrêm anênêpi | sawusnya nulyènjing laju | lampahe anduduk-wuloh ||

406. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Sèh Mongraga andarung lampah lêstantun | nut tirah ardi Sakêthi | ardi Bungkak ardi Bau | ardi Lèrèg ardi Kunci | ardi Papak ardi Tekong ||

--- 8 : 5 ---

2. Ardi Patra ardi Gita ardi Bêruk | ardi Kèrèn§ Ing Sêrat Cêntini Pisungsung ardi Kèrèn. ardi Cawik | ardi Dhandhang ardi Srumpung§ Ing Sêrat Cêntini Pisungsung ardi Dangdang, ardi Prumpung. | ardi Lunjar ardi Dadi | ardi Sanga ardi Terong ||

3. Ardi Anggamaya ardi Karangulu | ardi Bodhèh ardi Mrunggi | mêrga nut ngidêri gunung | prapta ing Kalak Mongragi | tumamèng guwa amanggon ||

4. Langkung sangêt karênan dènnya andulu | pasang rakiting guwa sri | lir paseban singupipun | guwa Kalak tinon wingit | majêng ngetan mujur ngalor ||

5. Wiyaripun pangalore pêcak satus | wiyare pangilènnèki | apan pêcak pitungpuluh | pinggir lir langse ngalêngkin | angayu-apu wiwiron ||

6. Langiting paseban pan inggilipun |Kurang satu suku kata: Langiting paseban apan inggilipun. sangang dhêpa winatawis | wiwarane wiyaripun | pêcak kawandasa nênggih | têngah kori watu togog ||

7. Ing paseban rakite lir wong mêmantu | lir gubah ngalèmbrèh asri | tuwuhan pisang lan têbu | cêngkir samya karangputih | gatra tumèmplok anggêbyog ||

8. Karang putih barêsih lir gulabatu | pêthak sumilak gumrining | sadaya rurupanipun | kang lir ulam jrohan daging | sangkêp saulaming kêbo ||

9. Kang sumêlap kang cumanthèl myang gumantung | warna-warna lir sayêkti | ambêngan pênak bubucu | panggang sumêlap atharik | myang asahan lir sêsugoh ||

10. Samya watu-karang pêthak sadayèku | yata Ki Sèh Amongragi | sakêlangkung sukèng kalbu | ningali rekaning rakit | rakit lir lagya mêmanton ||

11. Nèng gigilang sela langking dènnya lungguh | pinggir pisan lèr gyannèki | ing dhampèng rong anyakêdhung | wus rêrêm Sèh Amongragi | nulya tumamèng marang jro ||

--- 8 : 6 ---

12. Jroning guwa kèh kèsi-kèsi kadulu | wiyaripun winatawis | apan pêcak kawanatus | kilèn sapêngetannèki | godhange mujur mangulon ||

13. Pangidule pêcak satus-pitungpuluh | rolas dhêpa inggilnèki | Prabadalêm wastanipun | ingapit pagêr kakêlir | kiwa têngên mujur ngalor ||

14. Kang sagodhag kilèn pêtamanan agung | kang godhag wetan Song-putri | Prabadalêm têngahipun | dene sakilèning kori | jêmbangan carat mancorong ||

15. Isi toya kêbak apan tundha têlu | satundha jêmbangan katri | nyalodhok ngubêngi lumbung | kang satundha malih katri | dadya pitu gêng sawiyos ||

16. Sèh Mongragi siram nèng jêmbangan agung | tan labêt têlêsing warih | asêgêr sariranipun | nging tan têlês dening warih | srêp ayêm angganya raos ||

17. Langkung rahmat raose sariranipun | pirêna nikmating kapti | Jamal Jamil datan adus | awak kêbês dening warih | têlês rambute kumocor ||

18. Suprandene gêrah-uyang raosipun | panas rungsang angganèki | Mongraga mèsêm andulu | mring wong roro Jamal Jamil | ing sasmita wus karaos ||

19. Nulya mring taman kilèn asri dinulu | reka-rekane lir kitri | samya jinêmbangan nglajur | kang lir gagarmayang rakit | ana kang kadya paidon ||

20. Kang lir pendah kursi lawan payung-agung | kang kadya gênthong kalênthing | miwah kadya sumbul wakul | ana lir kurungan paksi | ana kang kadya garêbong ||

21. Samya sela pêthak maya-maya mancur | ingajêngan sadayèki | sangkêp sining taman-santun | gumilap pating parêlik | samya ngrêrênyêp amompyor ||

22. Miwah kang lir gangsa sarancakanipun | kathah kang kadya tup saji | tuwin lir palangkan payung | nulya Ki Sèh Amongragi | mucung lampahe mangulon ||

--- 8 : 7 ---

407. PocungTeks asli: Pucung.

1. Yata wau nyabrang kali mili ngidul | pan sapênggêlangan | jrone kang lêlèpèn alit | wiyarira apan amung salumpatan ||

2. Nulya (n)dulu rakite wisma lir tajug | ingapit balumbang | alit pêsagi bot-rawi | ingubêngan kakêmbangan jinêmbangan ||

3. Pan ing ngayun wrana gapura palêngkung | lir rinênggèng patra | patrapan anut ing pinggir | winastanan punika ing Pasanggaran ||

4. Anèng ngriku Sèh Mongraga wolung dalu | atangat palilah | ing dalu tahjut lan têsbih | amunajat salat mualat kiparat ||

5. Pan sumungku kalangan dènnira sêkung | anèng Pasanggaran | tokit mansuh ing Hyang Widdhi | anêlaskên suhulira mring Hyang Suksma ||

6. Sawusipun anutug dènnya sumungku | Ki Sèh Amongraga | nulya angayêngi malih | wontên ingkang kapyarsa lir muni gêntha ||

7. Tinarutus ing lèr-wetan prênahipun | nut têpi laleyan | tigang tikung pan kêpanggih | apan tètèsing tirta kang tibèng toya ||

8. Saking luhur tumètès clêrènging ranu | cumêngkling lir gêntha | mèsêm Ki Sèh Amongraga | Jamal Jamil ngucap jawane ngumandhang ||

9. Tètèsipun kang muni lir gêntha tuhu | Ki Sèh Amongraga | anapis taman tulya sri | kang sêngkêran kabèh mancorong lir gêdhah ||

10. Nulya wangsul mring têngah jarambahipun | wontên karang saka | kadya tambining kang wringin | agêngira cinakêpan gangsal dhêpa ||

11. Kang (m)bing kidul karang gêng-agêng kadulu | ingkang kadya kothak | gêrobog kêmbu myang pêthi | ting janggêlêg mèpèt ing pinggir atata ||

12. Nginggilipun kamar agêng tilam arum | apan inggilira | saking jêrambah watawis | kawan dhêpa yèn minggah mêdal ing andha ||

13. Andhapipun agilig kadya galugu | sendhe pojok wêtah | tar mawi tataran kêdhik | lus kewala mompyor lir galugu gêdhah ||

14. Duk andulu Mongraga ciptaning kalbu | kalangkung sukèng tyas |

--- 8 : 8 ---

dangu tumênga manginggil | iku paran baya panggonanning apa ||

15. Lawang luhur ingapit lir payung-agung | mancur amarkata | rênyêp lir gêdhah sinuji | têka ngêndi margane bisa amunggah ||

16. Baya iku kang sumendhe lir galugu | nèng pojok ing wetan | dene tan tutug mênginggil | kadung kurang sadêdêg têka ing lawang ||

17. Yata wau Sèh Mongraga karsanipun | amanjat ing andha | wus puput ing andha nginggil | kadung kirang inggilipun salunjakan ||

18. Astanipun gagap-gagap kang mêndhukul | myang kêrowok ingkang | kinarya gondhèlan nginggil | nulya antuk cêlowokan ingayatan ||

19. Kang mêndhukul ginujêngan mancad gupuh | Mongraga wus munggah | praptèng satêpining kori | myang rakiting anjurudêmung tyasira ||

408. Jurudêmung

1. Yata wau Sèh Mongraga | karênan dènnya andulu | guwa nginggil lir tilam-rum | tumamèng jro patilaman | rênggganerênggane. kumêndhung-kêdhung | lir pinajang lèk murwèndah | samya gumêbyar umancur ||

2. Ingapit ing gagar-mayang | kalangkung asri dinulu | karang mancorong lir murub | awor gêbyaring sêsaka | sangkêp rêngganing jinêm rum | sumbul kang kêndhi pratula | kasur guguling krang ulu ||

3. Lêlangitan ingkang têngah | tulyèndah lir payung-agung | wiwiron tundha tri luhung | myang kang anèng kering kanan | kêndhaga lante tutunggul | sangkêp ingkang upacara | samya gumêbyar sadarum ||

4. Mangilèn ujuring kamar | jêrambah kang pinggir kidul | karang mundri kadya gênuk | drês katètèsan ing toya | saking nginggil tuking ranu | kêbês rêmbês umês toya | katandha ilining ranu ||

5. Ambêlik anèng jêrambah | Sèh Mongraga sukèng kalbu | cipta jênak anèng ngriku | tumingal langêning kamar | ngunandika jroning kalbu | baya ingkang karya tilam | sujanma ingkang linuhung ||

--- 8 : 9 ---

6. Punjul sêsamining guwa | guwa tan ana kadyèku | karya langêning pandulu | wau Ki Sèh Amongraga | nèng kamar dènnya sumungku | priyangga ngêningkên tingal | tan kacambor ing pandulu ||

7. Anungge maring Hyang Suksma | anjamak kasraning wêktu | dadya neka wêktu-wêktu§ Prayoginipun / dadya nora wêktu-wêktu /. | ing dalêm sêlikur dina | mupid wiridira mansuh | tanjèhing wêktu ijabah | wus tan aroro pandulu ||

8. Layap cêngêng kalêngêngan | kang cipta rasa wus luyut | wilayat gaibul guyub | kumplang plêng tan kumalêndhang | mulyèng wang-wang wung-uwung | tan wawêngkon datan tuwang | judhêg cunthêlcuthêl. thok-thêl munthu ||

9. Tan kêjêp liyêp tan kêdhap | ewuh murading asuhul | tan kêna dinugèng kalbu | yèku jaman ing kahnêngan | mênêng sakalir tan mujud | tan sirna tan kawistara | mung Hyang Suksma kang Maha Gung ||

10. Anèng jaman kaelokan | kewala pribadinipun | wus langgêng nora sakuthu | mangkana Sèh Amongraga | jênêk dènnira manêkung | lepya wus tan kawêranan | angga lir kayu katunu ||

11. Santri ro Ki Jamal Jamil Jamal | tan sagêd minggah mandhuwur | anèng sor kewala mupus | pan sasuka-sukanira | kalamun karasa lêsu | mêdal mring jawi(n)jawi. ngupaya | wohwohan katela gantung ||

12. Tan pati ana nyamikan | ing Gunung Kalak pan suwung | mung pring pirang-pirang dhapur | tan ana lyaning wit-witan | namung sawiji pring apus | ardi ingkang kering kanan | akathah nyamikanipun ||

13. Ardi Lawa ardi Buntal | ardi Kêmbang ardi Pagut | ardi Wire ardi Brayut | ardi Bunar ardi Pada | ardi Sanggar ardi Têruh | ardi Wênang ardi Simbar | ardi Candha ardi Puguh ||

14. Anjajah Ki Jamil Jamal | tulatèn angundhuh-unduhangundhuh-undhuh. | nangka kuwèni kêlayu | nanas bendha pisang kidang | suwêg uwi gadhung walur | gowok kêtos lan widara | lo wilada têbu sawur ||

15. Apan kongsi patang dina | angubêngi gunung-gunung | ngambil wowohan ingundhuh | kang matêng-matêng pinangan | karone suka ing kalbu | tan eling tunggu bêndara | Ki Jamal alon amuwus ||

--- 8 : 10 ---

16. Jamil payo maring guwa | lamun bêndara andulu | ring manira lan sirèku | manawa winastan minggat | sumaur ya payo wangsul | mring guwa ngadhêp bêndara | kang mirongrong amung kayun ||

409. Wirangrong

1. Yata wau sang Mongragi | nèng guwa Kalak amanggon | wus salikur dina anèng ngriku | luwaran Mongragi | asiram nèng patukan | sêgêr angga mari lupa ||

2. Sawusnya siram anuli | Mongraga tumurun alon | prapta ing jêrambah karsanipun | malbèng ing Songputri | gogodhag ingkang wetan | mêdal saking lor marginya ||

3. Ngandika mring Jamal Jamil | lah payo malbèng marono | samya tur sandika sigra laju | marang ing Songputri | tumama ing wiwara | arêpit rakiting guwa ||

4. Lawang ing guwa lir ruji | ruji karang amêncorong | tan sêdhêng dinuga langkung ciut | korining Song-putri | mangkana Sèh Mongraga | umangsuk sêdhêng kewala ||

5. Ki Jamal Jamil tan kenging | masuk samya sêsak karo | tan kêna pinêksa dadya kantun | wong roro nèng (n)jawi | pan anganti kewala | yata Ki Sèh Amongraga ||

6. Myat langênipun guwa putri | sangkêp saliring perabot | raja kaputrèndah rekanipun | kang kadya tilam mrik | angapit kêmbar-mayang | sumbul kawalan pratala ||

7. Parsikan kasur-guguling | reka gatrane lir yêktos | kêndhaga kêkawal karangulu | poponjèn lan pêthi | nginggil têngahing tilam | lir sagung agung sajuga ||

8. Sumilak putih nêlahi | kabèh mancorong sri tinon | sira Sèh Mongraga nulyandulu | wontên kori malih | malang lawanging guwa | patute kadya salêpa ||

9. Nulya linêbêtan aglis | sumusup sarwi angesot | pan kalih landheyan têbihipun | butule kang kori | apan anjog mangandhap | wiyar godhaging gêdhongan ||

10. Tan pae ingkang kaèksi | rakiting tilam kinaot | sangsaya murwèndah [mur...]

--- 8 : 11 ---

[...wèndah] langênipun | kaputrèn mêpêki | nulya na malih lawang | arêpit pipit lêmpitan ||

11. Kadya gubahan lêlêngkin | sigra linêbêtan ing jro | nut wironing karang siluk-siluk | têkukaning margi | anjok malih mangandhap | wiyar godhaging jarambah ||

12. Tan prabeda rakitnèki | tilam sangsaya di kaot | mubyaring parêngga sri dinulu | lir maniking warih | sabên sawiji tilam | lir payung agung kêmbaran ||

13. Wontên karang anaritis | ing luhur pinggir kang kulon | kumucur toyanya tètèsipun | tibèng sor lir grimis | kirih ngalèn lir talang | cêlowok dadya bêbêngan ||

14. Balumbang alit ambêlik | Sèh Mongraga duk sira non | tirta ing antara sukèng kalbu | ngambil toyastuti | salat nèng karang kamar | ambengatkên tangatira ||

15. Pan tigang ari tri ratri | dènnya nênêpi ing kono | tan na katingalan jroning nêkung | ing sasmita tunggil | tan ewah kadya saban | têrate tuwuhing tawang ||

16. Anungge langgêng tan gingsir | ing sasmita wus anggathok | ing cipta tan mamang trusing kalbu | mangkana Mongragi | sawusira tri dina | luwar saking pajungkungan ||

17. Asiram pêrês nèng bèji | toya tilasing rêraos | sawusnya siram karsanipun trus | tumulya umijil | cipta laju kewala | tan giris andarung lampah ||

410. Girisa

1. Yata Ki Sèh Amongraga | wus mijil saking jro guwa | prapta ing (n)jawi kêpanggya | mring santri ro Jamil Jamal | Mongraga alon ngandika | lah payo laju kewala | ngalor nut paraning karsa | santri ro matur sandika ||

2. Nulya wontên janma prapta | satêngah kapara tuwa | saking dhukuh Wanasêkar | Sèh Mongraga lon ngandika | ki sanak ngêndi wismanya | lawan sapa arannira | umatur ingkang liningan | kawula pun Lokasraya ||

--- 8 : 12 ---

3. Marêk kula ing paduka | (n)tuk punapa anèng guwa | alon dènnya angandika | manira santri ngumbara | moyang ing saparan-paran | Jamal Jamil nambung sabda | kula sojar ingandika | (ng)gih wakane Lokasraya ||

4. Apan wus salikur dina | (ng)gubêk jroning guwa Kalak | rèh pun adate ing Kalak |§ Prayoginipun / prèhipun [sudah betul rèh pun]. pundi kang dadya mampangat | Lokasraya naur sabda | adate kang kalampahan | sadaya dadi pratandha | uwuk lan angsaling karya ||

5. Yèn masuk sajroning guwa | apadhang tan mawi pandam | barang rurupan katingal | tandha lamun kinalilan | luwar tyase kang asusah | yèn tiyang tan angsal karya | guwa pêtênge kaliwat | obor kadhang asring pêjah ||

6. Dene kang angkêr priyangga | pêpundhèn ing guwa Kalak | apan sêkawan panggenan | kang dhingin Jêmbangan carat | ping kalih ing Pasanggaran | ping tiga ing Kamar-dalêmdalam. | ing Song-putri sêkawannya | pan samya dadya ngalamat ||

7. Yèn Jêmbangan gêng akêbak | adus utawa kêramas | barang kajate glis prapta | lan malih ing Pasanggaran | kucur balumbang bak toya | kaline mili bantaran | tamtu enggal kang sinêdya | yèn tan manggih bêgja asat ||

8. Pucêt sakèhing rurupan | lan malih ing Kamar-dalêmdalam. | yèn tiyang kang bisa munggah | yêkti gêng nugrahanira | kèh tiba lajêng pralaya | ingkang tan sinungan bêgja | dene ing Êsong-putri ka | kang sêdhêng utawa longgar ||

9. Lujêng sasêdyane têka | yèn tiyang datan kalilan | pêsthi sêsak sariranya | lêngêne mangsa sêdhênga | de lampah (n)dika punika | kalangkung angsal nugraha | Mongraga mèsêm ngandika | paman donga pakênira ||

10. Manira iki supaya | olèh sawabing sasmita | wus paman rika kariya | andum waluya kewala | manirarsa alêlana | nuruti paranning karsa | tan wruh wêkasaning lampah | umatur ingkang liningan ||

--- 8 : 13 ---

11. Lamun parêng ingkang karsa | ngong-aturi mring wismamba | kawula atur sugata | angling ya wis sun-tarima | gya pinaring sêsalaman | myang Jamal Jamil salaman | Lokasraya myat Mongraga | lir mas tumimbalingtumimbuling. toya ||

411. Maskumambang

1. Gya umangkat wau Ki Sèh Amongragi | pan angalor-ngetan | nut awan ardi Sakêthi | Lokasraya tuduh marga ||

2. Tigang èdhèng dènnira atuduh margi | nèng ardi Salumbat | rarywan Mongraga lingnya ris | wus paman rika baliya ||

3. Anèng kene kewala pan wus utami | rika tuduh marga | Lokasraya matur aris | inggih kang margi punika ||

4. Lamun wontên margi sisimpangan ngarsi | nyidhat ngilèn ngiwa | sampun paduka margèni | kang têngên kewala ngetan ||

5. Anjog ardi Bêlah ngêncêng ngalèr mangkin | margi gêng kang kambah | tiyang papasaran sami | Sèh Mongraga angandika ||

6. Bangêt trimèngsun mring pakênirèki |Kurang satu suku kata: Bangêt tarimèngsun mring pakênirèki. saksana umangkat | lan santri ro Jamal Jamil | kapungkur ingkang tinilar ||

7. Sèh Mongraga mahawan ing wana wukir | nabrang kali Kêrta | nut tirah-tirahing wukir | jujurang sêngkan sinêngkan ||

8. Ardi Curak ardi Purak ardi Mangir | ardi Surawana | ardi Jaya ardi Lusi | ardi Burat ardi Dara ||

9. Ardi Singgat ardi Putat ardi Kili | ardi Watukapa | ardi Susur ardi Putri | ardi Bêrèk ardi Setra ||

10. Ardi Rapang ardi Borang ardi Cicil | ardi Sukadana | ardi Kamal ardi Jubris | ardi Kawat ardi Sarang ||

11. Pan andarung lampahe Sèh Amongragi | pan samarga-marga | guwardi kèh dènampiri | guwa Prècèt guwa Wawal ||

12. Guwa Karas guwa Kakar guwa Riris | myang guwa Saroja | guwa Gonjak guwa Têlik | guwa Tasik guwa Sulang ||

13. Guwa Kolor guwa Sumbêr guwa Titis | guwa Padhangbulan | guwa Tèlèng guwa Kingkin | guwa Traya guwa Gatra ||

--- 8 : 14 ---

14. Praptèng ardi Bêlah Ki Sèh Amongragi | aso samya rarywan | byar enjang umangkat malih | lampahe lir pêksi nila ||

412. Dhandhanggula

1. Prabaning Hyang Surya duk umijil | mabang ngujwala sumirat ing rat | andipani ron rumêmbe | prêdapa lung mabangun | sumaringah katrangan dening | Hyang Aruna sumunar | narawung sawêgung | kèsi-kèsining kanangrat | gambiraya lir wadya pinatuk ing sih | kabênang§ Prayoginipun / kabinang /. ing narendra ||

2. Parintising bun tumamèng sari | -sari ruru sinrang ing sadpada | panjrah têtêp nèng têpi we | sêndhang lwah-lwahing parung | tirta wêning maya mêlangit | alangan tiningalan | myang pêksi munyarum | jêgigèring sata-wana | mrak manguwuh nyangungong nèng êpang garing | dêruk munya sauran ||

3. Kapyarsa sri swarèng pêksi-pêksi | mawurahan lir samya nêmbrama | mring sang mahawan marang ke | pupujèng harjèng laku | miwah sato kewan wanadri | kabrasat asak-sakan | mangsit rowangipun | aywa na wani nukarta | mring janma di kang lagya lêlana anis | nastapa brangtêng Suksma ||

4. Sèh Mongraga ing lampah lêstari | anabrang ing lèpèn Kalibêndha | ardi Bayangan sukune | manjat malih ing ngayun | praptèng puncak ardi Sênggami | nginggil wontên têlaga | Madirda rannipun | bungase watu pêlatar | tuwin watu canthèng watu kênthèng langking | pèrèng jurang lorodan ||

5. Kiwa têngên ing ardi Sênggami | kinubênging ardi lit-alitan | lêt jujurang èrèng-èrèng | ardi Gêdhong ardi Puh | ardi Ambên ardi Cêmêthi | nulya ardi tataban | ardi Palon nêngguh | kandhane kang kuna-kuna | pratapane Arjuna ardi Sênggami | padhepok ing Andong-bang ||

6. Sèh Mongraga karênan umèksi | ing têpining talaga MandirdaMadirda. | anyarong wêning toyane | wontên gigilang agung | anèng ranu

--- 8 : 15 ---

kapering pinggir | kalembakaning toya | koplak-kaplikan sru | lir kêploking tandhak raras | ingayoman wrêksa gêng trênggulun bibis | ngarongkop sagayuhan ||

7. Sèh Mongraga nèng gilang tri ratri | samya anglangi angiras siram | enggal nglanting busanane | sawusnya anèng ngriku | Sèh Mongraga ngidêri têpi | -ning têlaga Madirda | kalangkung kayungyun | nulya minggah mring pratapan | ing Andong-bang anèng sapucaking wukir | Rêtawu kang asrama ||

8. Sela kumalasa gêng amagir | sri kinubêng ing sêkar sêtaman | mirir mrik arum gandane | kathah swaraning manuk | samya rêbut wowohan sami | prêkutut acêngklungan | manggung ukung langu | Sèh Mongraga nèng Andong-bang | kawan dalu sumungku suhuling Widdhi | anêrang-nêrang cipta ||

9. Wusnya kawan (n)dalu anèng wukir | nulya tumurun saking pratapan | laju kewala lampahe | ngalèr ngetan nut gunung | wus kapungkur gunung Sênggami | praptèng dhusun Wiraka | wontên wong mêmacul | Ki Jamal Jamil tatanya | lah kang pundi prênahe ardi Dalêpih | sinauran kêdhatwan ||

10. Datan kenging ngriki ginagampil | sasat angoko tan mawi krama | sampun (n)dika gluwah-gluwèh | Ki Jamal mèsêm manthuk | (ng)gih apuntên (n)dika kiyai | kang pundi ing kêdhatyan | manirarsa (n)jujug | nauri inggih punika | nanging ingkang ngatos-atos yèn kêsarik | owêl maksih taruna ||

413. Sinom

1. Sira Ki Sèh Amongraga | laju lampahira aris | saking ing dhusun Wiraka | ngidul ngetan mring Dalêpih | wana ing Pilangputih | anarêcêl rêdinipun | margi sungil silukan | lêlêmpong sukuning ardi | ardi Gawar ardi Rêngu ardi Tantra ||

2. Ardi Cuwak ardi Girang | ardi Cênthung ardi Upih | ardi Kopyah ardi Growah | ingkang cêlak ing Dalêpih | cêlangaping bênawi | ing Dalêpih sirahipun | kêdhung Grunggung sibêkan | gugulune kang bênawi | pan ingapit ardi Jalak ardi Pasah ||

--- 8 : 16 ---

3. Arumpil karang kêrakal | cucuri rangah angêri | ardi Jamak kang pinangka | sakèthènge ing Dalêpih | wus langkung ardi kalih | ing Tirêban wananipun | nut têpining bêngawan | kang kilèn dènnya manginggil | prapta ing Calêrèng Dêlpih Sèh Mongraga ||

4. Kinubêng ing ardi Anak | ardi Gajah ardi Kuning | ardi Tundha ardi Rujak | ardi Babal ardi Putri | ardi Kêkêp ardi Brit | ardi Dhandhang ardi Gêlung | praptèng pakêming arga | Sèh Mongraga aningali | buron wana watara ngêbêki arga ||

5. Sato gêng jibêg kumêrap | buron alit pênuh pipit | sungsun timbun nèng kêkaywan | sangkêp sèsining wanadri | kêkayon tan rupa wit | gêbèl dening kêthêkkêthèk. lutung | wahu waSebaiknya digabung: 'wahuwa' dari kata wowo. warangutan | luwak trênggulung trênggiling | wrêgul rase kuwuk garangan jêlarang ||

6. Apêpanthan tan caruban | myang kidang mênjangan kancil | kikik mawar ajag yungyang | mesa lawung danu nunggil | macan bêlacan sing-sing | gogor sênggrut samya ngumpul | wirog wraha lan landhak | bajing cirurut myang pithi | jêjêl jibêg supênuh swara ruhara ||

7. Tan kèksi siti kèbêkan | ing sato kewan wanadri | mangkana Sèh Amongraga | rêgu tyasira tan wingwrin | myat godhaning pangèksi | laju tumama mring ranu | anèng sela gigilang | Jamal Jamil tansèng wuri | samya marêp ngidul-ngilèn dènnya lênggah ||

8. Sêkala ardi swabawa | jumêglug gumlêgêr ping tri | sigra buron wana sigra | lir Hyang Kaladurga angrik | buron kang alit-alit | angabyag ambyur ing ranu | samya anyirab tirta | sarta swaranya gora ngrik | lir udan drês sinêmèni mawurahan ||

9. Sakwèh kênas buron wana | mrih goda anggigilani | sêjatine brêkasakan | awarni sato gêng alit | yata Sèh Amongraga | angipatakên ru-biru | mêgêng napas sêsangat | ngusap walikate kering | nir syuh sirna tan ana labêting godha ||

10. Nora na kari samêndhang | pulih lir duk wingi uni | Jamal Jamil arêrasan | bênêr jare kang nuturi | luwih amamêdèni | ing Dlêpih prabawanipun | baya dhanyang lulurah | marentah sakèhing pidhir | bêthur dhuruk kèh (ng)gêgodha mring wong brangta ||

--- 8 : 17 ---

414. Asmaradana

1. Wau Ki Sèh Amongragi | nênggak anêngan nèng sela | gigilang têngah Calêrèng | cêngêng sawêngi rong dina | dènnya angikis driya | luwar dènnira têpakur | sukur ing Hyang Mahamulya ||

2. Wontên sasmita kaèksi | têrate sêkar sumringah | anèng têngahing Calêrèng | maya-maya kawistara | tyas nuksma ing sasmita | tawakup narimèng kalbu | luyut paningal mawantah ||

3. Mangkana SahSèh. Amongragi | rêsêp dènnira tumingal | ing Dlêpih botrawining we | kêlangkung wêninging toya | lir tan ana kang toya | têlêsing udaling ranu | katiyungan ing selarga ||

4. Nyakêdhung singub ngaubi | maring sapalihing sêndhang | sumingêp atis toyane | ulam gêng-agêng liwêran | sangkêp warnining ulam | myang ulam ing samodra gung | samya gantya manjing mêdal ||

5. Ki Jamal Jamil ningali | kêrikil sadhasar toya | awarna-warna tulise | krêsna seta pita rêta | dadu myang kapuranta | ijo biru miwah wungu | tuwin ingkang manca-warna ||

6. Mancur kaujwalèng warih | sêndhang krikile sêsotya | gêng alit samya mêncorong | wong roro angum ing toya | krikile samya lumayu | gogo karikil sotya | kêsit tan kêna cinandhak ||Baris ke-5 sebaiknya ditukar baris ke-6.

7. Kang anèng pêntasan pinggir | jinumput mring Jamil Jamal | milar mancolot krikile | mring Calêrèng mor ing kathah | ginagap datan kêna | wong roro samya gumuyu | sarwi mojar garundêlan ||

8. Bilah ngakokakên ati | iki apane kang mawa | lir urip ana matane | wêruh yèn arsa cinandhak | kumalepat akêbat | kongsi (ng)gêbibir tan antuk | ah payo wus padha mêntas ||

9. Gya ngrasuk bêbêd kulambi | Sèh Mongraga mèsêm mulat | mring wong roro lon dêlinge | lah payo mangkat mahawan | midêr-midêr ngasrama | santri ro ngandika§ Prayoginipun / sandika /. gupuh | umangkat Sèh Amongraga ||

10. Ngajênging ardi Dalêpih | pan tanah wana ing Pilang | -putih Dlêpih têlatahe | salêbak sukuning arga | sangkêp kang sêkar-sêkar | sumrik mirir gandanya rum | rumêsêp angraras driya ||

--- 8 : 18 ---

415. Mijil

1. Sang wingit myat asrining kang wukir | kèh kitri nêdhêng woh | pisang sinang suluh ing uwite | isthanira lir cadhang binukti | tuduh raos manis | marang sang marlêsu ||

2. supayane rêrêm tyas mangun sih | labêting kawahyon | lir mangkana pra wowoh isthane | nanging Ki Sèh Mongraga tan ngèsthi | mring raos angikis | kalising pênyatu ||

3. Namung Jamal Jamil kang ngucêmil | tansah ngundhoh-undhoh | woh-wohan kang matêng-matêng pinèt | laju dènnya ngayêng Sèh Mongragi | yata aningali | guwa gêng asingup ||

4. Lêlêmpènging ing ardi Dalêpih | ingkang kidul kulon | kadya cangkêming buta patute | sela kêbo pan sundhul ing nginggil | jèjèr nêm angapit | kadya untunipun ||

5. Kanan kiri balêdhuging ardi | lir pipi yèn tinon | nginggil guwa sela munggul gêdhe | magir kadya irunging rasêksi | gumuk sela putih | kiwa têngênipun ||

6. Kadi netrane Hyang Kala runtik | anguyap jagad wor | tarulata rawudan dhukute | simbar pakis wisa-marta wiring | jêjalèn pênjalin | lir wok bris anjêmbrung ||

7. Sèh Mongraga mèsêm myat ing ardi | rakite mangkono | lir ringgiting dhalang buta gêdhe | Kumbakarna mêndhêm ing pratiwi | pupucaking ardi | lir makuthanipun ||

8. Gya tumamèng jro guwa Mongragi | karênan tumonton | kadya cêthak têlak sayêktine | kanan kering sela gêng atharik | kadya bam sayêkti | pasang patutipun ||

9. jrambah sela kasap têngah margi | mulu ngetan ngulon | kadya ilat madal bam rakite | ing lak-lakan wontên kang kaèksi | sela-lus amundri | satilam gêngipun ||

10. rakit langse tilase lalangking | lir gubah sinerong | sela êmbam ambêlik toyane | guwa jatha ratu kênyapuri | Dalêpih kinanthi | marang Ratu Kidul ||

--- 8 : 19 ---

416. Kinanthi

1. Sajarah ratu lêlêmbut | ratu Wida-nangga Dlêpih | ngadhaton ing guwa Jatha | Ratu Kidul kang sisiwi | ngadhaton anèng ing Tunjungbang |Lebih satu suku kata: ngadhaton anèng Tunjungbang. sami ratuning dhêdhêmit ||

2. Putra dadya marunipun | Ratu Kidul Ratu Dlêpih | puniku patutannira | lêlêmbut Prabu Ngin-angin | kinarya sirna dening Hyang | Ratu Kidul gumantya Ji ||

3. Kramantuk ratu linuhung | Panêmbahan Senapati | ing alaga Ngèksiganda | mulyakkên agama Nabi | winahyu sura jayèngprang | kang sinêmbah ing Matawis ||

4. Ratu Dlêpih Ratu Kidul | kagarwa (n)Jêng Senapati | dadya bu maru lan putra | rumêksa wahyuning aji | tah-têlatah nungsa Jawa | ing dharatan Ratu Dlêpih ||

5. Ing samodra Ratu Kidul | samya rumêksèng narpati | Senapati ing alaga | awayuh prayangan pêri | ratu-ratuning lêlêmbut | ing dharatan ing jêladri ||

6. Apan wus ubayanipun | prapta ingaluri-luri | narendra ing tanah Jawi | satrahe (n)Jêng Senapati | maksih dadya garwanira | tan pae pangrêksanèki ||

7. Mangsuli caritanipun | yata Ki Sèh Amongragi | nèng sajroning guwa Jatha | dènnya nênêpi nêm ratri | nênêgês ngêningkên cipta | prapta ing wêkasan jati ||

8. Luwaran dènnya manêkung | ngandika mring Jamal Jamil | lah payo laju kewala | matur sandika umiring | wus linggar saking ing guwa | ngalor-ngetan anut wukir ||

9. Ardi Suwêng ardi Sêrung | ardi Burêng ardi Bêdhil | ardi Ngok ardi warangan | ardi Ponjèn ardi Cangkring | ardi Rob ardi Pangantyan | ardi Kitha ardi Bathil ||

10. Ardi Grabah ardi Kêthu | ardi Wangsa ardi Kaki | ing Cêmpurung ardi Gêdhang | ardi Krêsna ardi Abrit | mudhun ardi Sêkarjingga | kapungkur ardi lit-alit ||

--- 8 : 20 ---

417. Pangkur

1. Praptèng tunggangan balumbang | ing bêlumbang kêndhiting Pringgadani | tanah Pancot lurahipun | ing Gandasuli wetan | mangkat sing bêlumbang manjat ardi Lawu | mêdal ing Cêmarawayang | ing Bukur pêngarip-arip ||

2. (n)Dêdêr ing jurang mangungang | watu goling lire wot ugal-agil | Jamal-Jamil gringgah-grungguh | kidih-kidih anapak | gagrunêngan bilah priye kiye iku | jurang jro tan lumrah-lumrah | wot dènciki golang-galing ||

3. Mandah apa kacêmplunga | Jamal (m)bêkuh (m)buh-êmbuh kang dera ngling | wus kêlangkung ing wot wau | praptèng Pangaribaya | manjat malih ing Marcukundha mandhuwur | ing watu srêngenge prapta | jangkêp tundha pitu kori ||

4. Kèndêl anèng Pakêlêngan | wusnya raywan arsa nêtêr manginggil | gya prabawa ardi Lawu | sirêp sidhêm sakala | pan jumêgur swabawane ardi Lawu | baskara tan kawistara | pêtêng (n)dhêdhêt anglimputi ||

5. Laban thathit aliwêran | gumaludhug dhêg-dhèr wawar wor riris | mêsês bayu bajra lesus | angidit maputêran | nêmpuh parang jurang jro sigrong gumrunggung | sumruwung asru srang-srangan | sumiyut pancawora writ ||

6. Gênjot jêt-jêt bumi kontrag | lindhu pêtak rag-rêg arga grak-grik |§ Prayoginipun / angagrak-agrik /. rêg gung agra guntur kêtuk | pêpangon sela gêmpal | sol wrêksa pang sêmpal kapêrapal pupul | sru kasrêg ing angin gora | gara-gara rèh kagiri ||

7. Gêlap kumupak mabungkak | ngakak anglir panjriting nagagini | pêcut pracalita lacut | pracandha mawalikan | pan kumocak muncat talaga jumêgur | mahagni ing palirangan | kumukus mulêg nampêki ||

--- 8 : 21 ---

8. Gandarum sangêt sumêngak | suwat-suwut balêdhèg ambrêbêgi | dhêg dhèr gêdhor mawa lindhu | lêlèdhèk anggêladhag | tanpa rungyan gora-godha syuh gumuruh | pêpêdhut mangampak-ampak | têdhuh dhèdhèt irawati ||

9. Kumêrut kang rungkat larat | lon swara sru lir janma surak jurit | kulon lor wetan myang kidul | gumêrah anêrambah | barung ruging arga gogrog sru gumêbruk | brag-brêg orêg anggrêg-grêgan | bumi gonjit gonjang-ganjing ||

10. Kadya cêpol gumalimpang | ron-ron rontog mambrak anjrah ing siti | ardi Lawu lir sinêrtu | binirat ing Hyang Kala | ngamah-amah ing rat arga wera ngêjur§ Prayoginipun / ngamah-amah ingrat tar gawera ngêjur /. | Sèh Mongraga tyas tan wang-wang | wawêngkon durmaning ardi ||

418. Durma

1. Sangsaya sru tatêruhing pancabaya | sakêdhap tan ngêndhani | swara byung barungan | jumêbrèt abrèt-brètan | sumêlèt gumrêbêg angrik | sindhung prakêmpa | kampita tang pratiwi ||

2. Lir tinawu talagardi makêburan | watu kol kumba têmbis | mètyagni makantar | lon paloning parbata | pucak thêl bêntur samyardi | byaha§ Prayoginipun / byuha /. ru-ara | pok wukir moglak-maglik ||

3. Bumi bêlah watu cêplok sing bantala | kajêblèsing wiyati | lir gêlap sayuta | malêdug anggalêpang | lirna kang kayu-kayu wit | jadhêl kabungkah | rungkat kèrit ing angin ||

4. Siwat-siwut sumêbut kadya sêsawat | sabêtan samya sêbit | bat-bêt ababitan | bongkoting wit tan bangkat | bangêt kabuncang ing angin | datanpa rungyan | bantala ngawiyati ||

5. Ing akasa balêdhèg galudhug gêlap | bubungkak tan ngêgopi | ring pratala arga | gograg barubuh |Kurang dua suku kata: gograg barubuh-bubrah. kasrambah prahara tarik | angantariksa | lir pangriking rasêksi ||

--- 8 : 22 ---

6. Mèwu-èwu barêng gro sakêthi yuta | gumlêgêr manêngkêri | ngêbêki bawana | ngumandhang anèng tawang | mina sato wana pêksi | brusah bur buwah | kabrasat mêsat posit ||

7. Kumarutug nyêblok saking ngawang-awang | sato kewan wanadri | lir udan mangambak | sungsun atumpa-tumpa | myang udan sela karikil | udan wrêksa swal | barung adrês dan riris ||

8. Miwah jawah wêlirang murub kantaran | tumpêr wangwa kaywa king | yayah lir kiyamat | kairub angin topan | barat pangruwat sakalir | bajra pênjara | ngasut ngebat-ebati ||

9. Makêtêring buwana kabina-bina | Jamal Jamil (n)drêmimil | gumêtêr plok-plokan | sira Ki Jamil Jamal | rumasarumangsa. tan manggih urip | Sèh Amongraga | ngikis tyasira wingit ||

10. Luyut lêngut tan kêjêp dènnira layap | sang monêng tyasnya wêning | kongsi tigang sangat | danguning gora godha | tan antara riris-aris | sirna byuh ilang | anggambuh lir winuni ||

419. Gambuh

1. Tan ana labêtipun | sakêdhik kang ron mirungga runtuh | miwah ewah-ewahe sadayanèki | tan ana singsal salêmut | bumi kayu watu wutoh ||

2. Mongraga luwar ing kung | Jamal Jamil bingar ulatipun | alon angandika marang santri kalih | lah payo manjat mandhuwur | maring arga Dalêm kono ||

3. Sandika aturipun | nulya mangkat lon-lonan wong têlu | langkung arga Rêpat-kêpanasan nênggih | arga Dièng gya manguntur | praptèng arga Dalêm manggon ||

4. Pan kongsi tigang dalu | anèng arga Dalêm pan sumungku | bakda Subuh umangkat manjat manginggil | ngidul ngilèn inggahipun | mring arga Dumilah kaot ||

5. Korinya sungsun têlu | ing bantal têngên ping kalihipun | satru tapa lan kawi-rêja kang kori | praptèng pêkayanganipun | arga

--- 8 : 23 ---

Dumilah minaon ||§ Prayoginipun / minanon /.

6. Pucak sela binatur | sinanggar ing wrêksa têkang tajug | anèng riku Sèh Mongraga kalih ratri | karsanira laju-laju | angayêngiamayêngi. kang wawêngkon ||

7. Ing pawukiranipun | lêbak punthuke ing ardi Lawu | wus mangkana umangkat lampahira ris | nulya na pêci§ Prayoginipun / pêksi /. kadulu | jalak gadhing niup mencok ||

8. Colot-colot nèng ngayanGuru lagu seharusnya: 7u, Colot-colot nèng ngayun. | pan sajodho mibêr rêbut dhucung | lamun têbih jalak gadhing angêntèni | isthanya lir tuduh-tuduh | marga simpangan kang menggok ||

9. Yata wau tinurut | jalak gadhing wruh paranning laku | datan têbih tan cêlak kang jalak gadhing | munggah tinurun tinurut | cipta tan watir katlangso ||

10. Karsanira ing kalbu | mring kawah Candradimuka nêngguh | saking arga Dumilah kang jalak gadhing | saparan kewala tinut | amêgat margi mangisor ||

420. Mêgatruh

1. Praptèng kawah Candradimuka alungguh | anèng sela Mandragini | ing kuna pirantinipun | duk masih jaman Dewarsi | ênggèn pasiksan ing kono ||

2. Yèn wus santi makidhupuh anèng ngriku | anèng sela Mandragini | sigra cinêmplungkên gupuh | mring kawah kang molak-malik | lêbur tanpa dadi tinon ||

3. Sèh Mongraga dènnya nênêpi tri dalu | sawusnya gya mangkat malih | umanjat ngetan mandhuwur | masih jalak gadhing prapti | anggrêmani lampahnya lon ||

--- 8 : 24 ---

4. Sêdya mring Karang-kawidadarèn nêngguh | ardi Mayang dènayêngi | kawah Candradimuka gung | atêpung sukuning ardi | Dumilah kang kidul-kulon ||

5. Saubênge arga Mayang sadayèku | ing Pawidadarèn wingit | sakèhing kang dhukut kruwut | samya angambar mrik wangi | tan ana ganda kang awon ||

6. Sukêt-sukêt lang-alang galagah rayung | kaywan gêng alit mawangi | lir tilam ingukupan rum | kasilir maruta milir | lir jêjêbadan marbuk wor ||

7. Prapta ingkang wêkas kilèn wastanipun | ing Cakrakêmbang tulyasri | sangkêp sawarnining santun | nagasari widasari | puring patramênggala gong ||§ Prayoginipun / patramênggalan-dong / [Sebaiknya tetap / patramênggala gong / sebab patramênggala adalah nama pohon, sedangkan gong (gêng, gung) berarti besar].

8. Parijatha manis rêja-rêja sagung | atata marik maripit | ngubêngi sela sanggar gung | sanggar Ginêng ranirèki | Mongraga nèng kono manggon ||

9. Anèng Sanggar Gênêng amung kalih dalu | bakda Subuh lajêng malih | ingkang sinêdya ing kalbu | ing Pêthaprêlaya ardi | mucung jalak gadhing katon ||

421. PocungTeks asli: Pucung.

1. Anèng ngayun jalak tuduh marga ayu | Jamal Jamil ing tyas | lir jalma si jalak gadhing | yèn wus tutug si jalak anuli ilang ||

2. Lampahipun nulya prapta kang jinujug | ing Pêthapralaya | nèng ngriku namung saratri | laju ngidul ngetan marang Tinjomaya ||

3. Mung sadalu laju mring Cêmarasèwu | mudhun malih ngetan | maring ing têlaga pasir | sadalu gya mring tlaga Sandi sadina ||

4. Jalak pingul tansah tuduh margèng ngayun | wangsul malih manjat | saking dhukuh Gandasuli | gya ing Selabanthèng ing Cêmaralawang ||

--- 8 : 25 ---

5. Lampahipun menggok ngilèn margi ciyut | rumpil mung satapak | trêjunging jurang ambambing | sêdyanira mring guwa Sagala-gala ||

6. Nèng margèwuh pipitan kang watu-watu | pangol ginocèkan | nulya non (n)dhampèng andhêmping | padhas putih sela gêlur wastanira ||

7. Jamal Jamil wong roro kandhêg ing laku | ningali pragalba | wêkasan samya (ng)garoti | mamah padhas nèng dhampèng pating kalemprak ||

8. Ciptèng kalbu iku paran marmanipun | macan doyan padhas | athèmol lir mangan daging | sami kagyat mulat ing janma manungsa ||

9. Asru gugup pakewuh palayunipun | tan ana simpangan | sor jurang jro nginggil ardi | dadya mèpèt muringis ngisis siyungnya ||

10. Sèh Amongkung tar wangwang mahawan laju | sima tan nukarta | mung gêrêng-gêrêng muringis | Jamal Jamil tyase pyang-pyang maskumambang ||

422. Maskumambang

1. Wus kalangkung (ng)gyanning sima kang (ng)gêroti | kang Sidadya guwa | yèn nuju wuku sawiji | Galungan parase§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / pêrasi / (?). sima ||

2. Jamal Jamil lumampah sarwi anolih | aningali sima | lumaku ngetan nut margi | lunga prapta gênti mara ||

3. (n)Dulur lima (n)dulur nêm anggênti margi | marang Selapasah | ing arga Gêlur (ng)garoti | padhas kang kinêmah-kêmah ||

4. Lamun ora Galungan têrkadhang kadhing | marang Selapasah | siji loro datan pati | kaya yèn wuku Galungan ||

5. Yata Amongraga lampahira ririh | wus ombèr kang marga | luk-lukan manjat sakêdhik | tantara anulya prapta ||

--- 8 : 26 ---

6. Anèng guwa Sêgala-gala Mongragi | wiwaraning guwa | abuwêng lir lènging bêdhil | winatara kawan dhêpa ||

7. Majêng ngidul-ngetan ngongkang jurang trêbis | ngarsèng kori guwa | sela gêng-agêng namung tri | sela Kandhêm sela Gajah ||

8. Sela Pakan minangka tutup ngalingi | kang pama wêrana | jèjèr sumbul lan sela tri | kang kêkaywan pakis gêlar ||

9. Arèn majêr tan owah amung sauwit | sira Sèh Mongraga | tumama mring guwa wingit | jro kêncêng datan (n)jlêgodhah ||

10. Datan pati kaot wiyare lan kori | lir lènging sanjata | lêbêtira winatawis | saonjotan wirangrongan ||

423. Wirangrong

1. Alêmpêng sumingêp wingit | jrone mujur ngalor ngulon | pan sela kewala sadayèku | sela blêg lan siti | ing kanan kering kathah | gêng alit têrusan guwa ||

2. Kang samipa§ Prayoginipun / sadhêpa /. wiyarnèki | tan petungan ting palongo | Ki Sèh Amongraga anèng ngriku | apan pitung ratri | angandhas nèng pantongan | lawange katon sabendha ||

3. Tan ana toya saprintis | sumuk panas lir dèn-obong | Ki Sèh Amongraga sru sumungku | sukurirèng Widdhi | nikmat tyas kajênêkan | nèng guwa Sagala-gala ||

4. Agorèh Ki Jamal Jamil | tan tahan grah lir ginodhog | tansah manjing mêdal sadayèku | angupaya warih | tan antuk mung wowohan | manis-rêja parijatha ||

5. Tan patya kèh angsalnèki | sawusnya ngundhuh-undhuh woh | masuk jroning guwa cêlak pintu | ingkang radi isis | yèn kajêron tan kuwat | panas grah kadya pinanggang ||

--- 8 : 27 ---

6. Mangkana wus pitung ratri | Mongraga dènnira manggon | luwar sing gwannira arsa mêtu | pangguh santrinèki | aris dènnya ngandika | lah payo laju lêlampah ||

7. Samya matur sandika glis | mijil lampahira alon | wangsul marginira pinggir trêjung | jurang jro ambambing | prapta ing Selapasah | wetaning song wontên singa ||

8. Pipitu ulur ing margi | tumingal jalma kaprêgok | kandhêg lampahira sima nêkuk | wangsul ngetan malih | wus ombèr asar-saran | laju lampahe Mongraga ||

9. Wangsul arga Dalêm malih | dènnya minggah ngonjot-onjot | sarira kalêswan karsanipun | ngaso ngaring-aring | anèng sela Pundhutan | sagênuk pitu tumpukan ||

10. Bundêr sela alus langking | nèng kumlasa mujur ngulon | sumendhe Mongraga akrang ulu | ing sela kang mundri | jrambah sor sumayana | undhakan sela balabak ||

424. Balabak

1. Sèh Mongraga layap nèng sela Pundhutan | ênggonne | Jamal Jamil wruh bêndarane kuwayon§ Prayoginipun / kuwahyon /. | anggane ||

2. Jamil mojar Jamal kariya sadhela | nèng kene | manira yun ngambil wowohan kang matêng | yèn olèh ||

3. Rika dhewe tungguwa kang lagya nendra | bêcike | Jamal manthuk pan sarwi amêmêtêki | padane ||

4. Tan adangu sakêdhap dènnira layap | nulya-ge | angandika si Jamil mau nèng ngêndi | paranne ||

5. Alon matur pun Jamil kesah ngupaya | sêdyane | ngambil woh-woh kang matêng mênawi angsal | ing mangke ||

6. Dangu dènnya anganti maring Ki Jamil | suwene | kang inganti-anti tan antara prapta | lampahe ||

--- 8 : 28 ---

7. Angsal wohing parijatha manis-rêja | kan pange | Sèh Mongraga mèsêm ningali Ki Jamil | gupuhe ||

8. Ki Jamil matur punika woh manis-rêja |Lebih satu suku kata: Jamil matur punika woh manis-rêja. tunggile | parijatha kang matêng kang lagya nyadham | sêgêre ||

9. Sèh Mongraga narima lampahing santri | gugupe | wohing manis-rêja kang dhinahar kêdhik | sarate ||

10. Wusnya dhahar santrinya kinèn amangan | karone | samya sêgêr sarira bisa anjuru | -dêmunge ||

425. Jurudêmung

1. Yata wau Sèh Mongraga | karsanya kewala laju | santri ro tansah ing pungkur | ing Arga-dalêm wus prapta | rarywan sakêdhap awêktu | bakda salat gya umangkat | mangalor ing puncakipun ||

2. Arga Tiling kang sinêdya | ing arga Dalêm tumurun | praptèng lalêngkèhing gunung | pan langkung ing arga Pasar | nulya wit manjat mandhuwur | arêsik tan ana wrêksa | mung lang-alang glagah rayung ||

3. Kèndêl anèng sela Canggah | kawit andêdêr mandhuwur | rumambat watu susulur | kongyargakongsyarga. Tiling titiga | sela Canggah sela Lumur | ing sela Gêsêng kantrinyakatrinya. | saya nênggêl sêngkanipun ||

4. Kèndêl nèng ngriku Mongraga | kêparag gêng Prabawagung | panasing surya kêlangkung | cêlak saking pucak arga | sadungkapan inggilipun | sumuk bangêt ambêrandang | sor panasing agni murub ||

5. Jamal Jamil datan kuwat | nèng sela Gêsêng samyambruk | tan bisa manjat mandhuwur | Sèh Mongraga wlas tumingal | gya (n)dêdonga ing Hyang Agung | mèt toya mum gya istika | katrima pandonganipun ||

6. Santrinya sakala saras | datan panas raosipun | gya jalak gadhing kadulu | wus samya lêga tyasira | andulu mring jalak pinggulpingul. | angling suwe datan prapta | gus jalak gadhing wus rawuh ||

--- 8 : 29 ---

7. Sanalika gya katingal | margane manjat mandhuwur | pêpangol (ng)gujêngi watu | nètèr anggujêngi pucak | kèndêl anèng sela lungguh | watêsanipun ing pucak | saisinya wus kadulu ||

8. Sela itêm blêg sadaya | wutuh alus anglulumut | tan kêna tinapak lunyu | jalak gadhing lincak-lincak | asung marga kang tan lunyu | tinurut pêrêt marganya | prapta têtaraking gunung ||

9. kêkaywan pucaking arga | jati jêmpina lan kêpuh | kusambi tolak trênggulun | pan arga Tiling punika | nênggih pêkayanganipun | Hyang Pramêsthi Girinata | marma angkêre kêlangkung ||

10. Arga Tiling pakarêman | jalma mara jalma lampus | sato mara sato lampus | pan tan kêna ingambaha | kajawi kang wus linuhung | wawênang§ Prayoginipun / winênang /. munggah ing arga | katrantang§ Prayoginipun / kang tan trang /. giris tyasipun ||

426. Girisa

1. Mangkana Sèh Amongraga | nèng arga Tiling nêm dina | ngêning tyas kang kawawas | wusanane sanalika | nulya na sasmitaning Hyang | jagad komplang tan katingal | sêgarardi sèsiningrat | surya sasi pon tan ana ||

2. Mung padhang tan kumalêndhang | aningali dhawakira | lan garwa ni Tambangraras | tingaling dalêm sasmita | sarju roroning atunggal | nèng tirahing tarate-bang | wusnya pagut byar wèntèhan | Sèh Mongraga sukur ing Hyang ||

3. Nulya ngling mring Jamil Jamal | payo tumurun sing arga | santri ro matur sandika | nulya umangkat lon-lonan | nut paraning jalak dênta | tumurun lêngkèh kang wetan | manjat malih maring arga | Pamênang saratri siyang ||

4. Nulya mêdhun saking arga | arga Bayu inganjatan | praptèng pucak sêdalu gya | tumurun malih sumêngka | mring pucak arga Sadewa | sadintên sadalu sigra | mangandhap pan ngalèr-ngetan | ing lêlêngkèh malih minggah ||

--- 8 : 30 ---

5. Pucak arga Candhirêngga | tri ratri nulya mahawan | tumurun kêndhit tênggangan | laju tumurun sumêngka | arga Rimbi pucakira | sadalu nulya umangkat | tumurun lajêng sumêngka | arga Kalithi pucaknya ||

6. Tri ratri sigra mangandhap | sumêngka malih mring arga | arga Aji kalih dina | tumurun lêngkèh sumêngka | arga Bintulu sadina | pan wus kajajah sadaya | nulya tumurun Mongraga | ngilèn nut lêngkèhing arga ||

7. Arga Tiling sukunira | têmbing kawah palirangan | tumurun mring gunung Anak | mring ardi Sukuh myang Tambak | kèh brahala rêca-rêca | rakit-rakite lir pura | tilas talêsing kêliran | labêt cêpuri kadhatyan ||

8. Pilaring kori pinatra | wiwindon ukir-ukiran | kèh rineka samya sela | blumbang binotrawi patra | gapura rinaja wêtha | ingukir bintulu praba | caritane puranira | sang Aprabu Brajadênta ||

9. Brajamusthi gunung Tambak | dening Pringgadani pura | kadhatonnya Sri Arimba | lan ari ran Prabakesa | kadang pan sami rasêksa | sawiji Arimbi kenya | yata wau Sèh Mongraga | kalih ratri gya umangkat ||

10. Mangidul mring ardi Tambak | samya kathah ardinira | lan Sukuh tan pati beda | sadintên sadalu sigra | ngidul-ngetan jurang sêngkan | mring Pringgadani sinêdya | praptèng puncaking aldaka | arêrêp mung kalih dintên ||Guru lagu seharusnya: 8a, arêrêp mung kalih dina.

11. Têmbing kidul langkung arga | sela gêng lir gunung-anak | ing sela Rimbag wastanya | munggul nginggiling jujurang | têngah malêkah lir bêngkah | angudal jurang toyanya | gumrajag sru kumêrangsang | kali Bandhul sirahira ||

12. Byar enjing laju kewala | sêdya wangsul mring balumbang | tumurun pèrènging jurang | rarywan nèng lorog cêlangap | nèng sela Brajamusthi ka | langkung gêng mèh jujul jurang | ing kuna kêpêlanira | sira sang Prabu Tutuka ||

--- 8 : 31 ---

13. Lir gajah andhêkêm jurang | kakalih mèh sami gêngnya | ran sela Parabakesa | Sèh Mongnêng§ Prayoginipun / Monêng /. mulat kacaryan | sèyub katawingan jurang | ajênak dènnira lênggah | Sèh Mongraga ngling prayoga | santri matur lir kukila ||

427. Dhandhanggula

1. Lon ngandika Ki Sèh Amongragi | paran wus tapis arga sadaya | ing gunung Lawu pucake | Jamal Jamil umatur | kados sampun tan wontên kari | pupunthuk pawukiran | pucak ardi Lawu | lêlêngkèh lêmpong lêlêbak | kaidêran waradin bubucu wukir | kidul sapêngalèrnya ||

2. Yata wontên wong sawiji prapti | saking kidul tumurun ing jurang | angênêr gati lampahe | murugi ing (ng)gwannipun | ingkang lagya eca alinggih | dèn-adhêp santrinira | nèng ngandhap tumungkul | kang sêdya mara gya prapta | anut lungguh sêmune adingkik-dingkik | asandi abipraya ||

3. Anèng sela Prabakesa linggih | sarwi amangku kudhi têrantang | polèng kênthing pênganggone | ing wayah têngah tuwuh | pan kêpara lingsir sakêdhik | kêthu sinjang puntiran | ngaluwêr lir unthuk | -ing cacing nyakot kiyongan | athi-athi marênthil gimbal ing sumping | jenggot mèh ngangkat gimbal ||

4. Sabuk talidhatu tasbèh kranthing | mawi kathok kayu tutup rasa | nging maksih nganggo jarite | wayah sêdhêng agêntur | mangkya dèrèng lagya anitik | dhepok samangsa-mangsa | dènnira anggêntur | anggrit kêlèng nèng pakuman | Sèh Mongraga tatajêm jatmika wingit | Jamal Jamil duk mulat ||

5. Marang ingkang lagya prapta linggih | sarwi bisik-bisik arêrasan | wong iku pego wangune | yèn ta aja akêthu | patut wor lan Widigunèki | bagor ing Wanamarta | mendah dening bêsus | mara bêdhèk iku ajar | suprandene rada tuwa ambêsusi | susumping iku apa ||

--- 8 : 32 ---

6. Jamal gumuyu (ng)giligik lirih | dudu sumping iku rambut gimbal | nadyan mangkonoa kae | rada gawe dol bagus | sor kang sumping gajah angoling | mendah duk nonomannya | pêthèkku ambêsur | Mongraga mèsêm sasmita | ingkang lagya prapta rumakêt umèksi | alon dènnya manabda ||

7. Anambrama kawih ngasih-asih | tigas kawuryan rèh katambêtan | atur raharjêng pagute | saking têmbe andulu | sapa sintên sinambat ing sih | wingking pundi sananta | kang sinêdyèng ayun | Sèh Mongraga rum ngandika | manirèki tan pinangka tan wruh ngarsi | lir kinjêng tanpa sotya ||

8. Mêndhang kabarat tanpa siring |§ Prayoginipun / kabaratan /. apanêngran gus santri kewala | kaulane Hyang kèh lire | balik paman sirèku | ngêndi padhukuhaning wingking | sapa sintên sinambat | paman parabipun | kang liningan aturira | manawi wontên kang sudi amastani | pun Wasi Wrêgasana ||

9. Kang misesa Totor wana wukir | ing ardi Lawu paragocara | ajar ingkang ajur-ajèr | janggan galuntung puthut | ing Talwiring pangèndhang mami | Ki Jamal nambung sabda | ih kalinganipun | andika punika ajar | sinauran Wrêgsana anganthuki |Kurang satu suku kata: sinauran Wrêgasana anganthuki. ênggèh mêkatên uga ||

10. Atêtanya Jamal Jamil |Kurang dua suku kata: Atêtanya Jamal lawan Jamil. pintên kathahe pucaking arga | Wrêgasana lon saure | punapi dèrèng mriku | anginggahi pucaking ardi | Lawu sadayanira | nauri (ng)gih sampun | nanging dèrèng wruh namanya | Wrêgasana nauri pucaking ardi | cacahe gangsalwêlas ||

11. Ingkang kidul sarta pucaknèki | arga Dalêm lan arga Dumilah | arga Pêthapralayane | arga Mayang patipun | arga Cakrakêmbang lan malih | ing arga Tinjomaya | de kapitunipun | arga Rêpatkêpanasan | pucak ingkang lèr wowolu kèhirèki | liyaning ardi Anak ||

12. Pêkarêman agêng arga Tiling | arga Sadewa arga Pamênang | myang arga Candhi rênggane | sêkawan arga Bayu | arga Rimbi arga Kalithi | arga Aji pitunya | lan arga Bintulu | dene kang agêng priyangga | lan pipitu kidul titiga kang inggil | arga Dalêm Dumilah ||

--- 8 : 33 ---

13. Arga Pêthapralaya jangkêp tri | ingkang têmbing lêngkèh lèr sêkawan | arga Tiling inggil dhewe | kalawan arga Bayu | arga Rimbi arga Kalithi | pupucak gangsalwêlas | sami angkêripun | sakèhe wasi jêjanggan | sami karêm pucak pribadi-pribadi | wangsite pinakêman ||

14. Jamal Jamil andrêmimil malih | kang dipun-pakêm punika napa | pra ajar janggan wasine | cantrik gocara cêthut | kawruh ingkang dipun-bathithil | punapa beda-beda | miwah saminipun | Ki Wawasi Wrêgasana | anauri kantênan beda sayêkti | wukir desa nagara ||

15. Bangsa ardi pakarêmanèki | kamuktène tata nèng panggritan | pala pogaboga. kang ginape | tan kadya wong prajèku | abojana sarwa binukti | sakèhing dêdagingan | woh dami kinukus | Sèh Mongraga angandika | kadipundi kawruhe wong ahli ardi | manira yun wikana ||

16. Wasi Wrêgasana matur aris | mila tan wruh rasaning dagingan | miwah ulam sadayane | wohing dami kinukus | dèn-olaha sadhengahnèki | tata ardi tan kengang | pala kang pinuluk | pêndhêm gumantung kasimpar | sawontêne liyanipun wohing dami | tuwin ulam-ulaman ||

17. Rêsi ingkang wus samya linuwih | tranging cipta sidikingsidik ing. paningal | uning sadèrèng winalèh | uningèng jawata gung | kang tumurun ing siyang ratri | alêlantaran dina | wuku kang lumaku | Jamal Jamil nambung sabda | kadipundi pawukon pinuthi-puthi | kadya mring kitab Kur'an ||

18. Wasi Wrêgasana lon nauri | niku lantaraning kawaspadan | ngaurip awon pênêde | wit wuku têlungpuluh | pêndhak Dite wuku satunggil | Ngat Paing wuku Sinta | godhonge nèng ngayun | Dewane Yamadipatya | suku kobok toya umbul-umbul ngarsi | gagak wit kêndhayakan ||§ Petangan Wuku jangkêp kawrat ing Buku Pawukon, wêdalan Jaya Baya Surabaya, ingkang sampun langka. Ing wêkasan kasêbut ing Almanak Dèwi Sri 1971 (Jawi) tuwin 1972 (basa Indonesia), wêdalan UP Indonesia, Yogyakarta jangkêpipun petangan mawi pralambang: dewa, godhong, toya, kajêng, pêksi.

--- 8 : 34 ---

19. Dite Wage wuku Landhêp nênggih | Hyang Mahdewa kayu kêndhayakan | nori gêdhong nèng ngarsane | suku kêkobok ranu | Dite Manis kang wuku Wukir | Mahayêkti dewanya | gêdhonge nèng ngayun | suku wingking kobok toya | manukipun manyar kayu nagasari | Dite Pon kang gumantya ||

20. Wuku Kurantil Anggara Kasih | Bathara Langsur gêdhong lumumah | kayu ingas ing ngarsane | umbul-umbul nèng ngayun | kobok toya sukune wingking | manuke sulindhitan | Dite kliwonipun | wuku Tolu kang atampa | Sang Hyang Bayu kokobok sukune wingking | (m)bul-umbul gêdhong ngarsa ||

21. Kayu trênggulun branjangan pêksi | Dite Paing Gumbrêg Sang Hyang Cakra | gêdhong minêp ing wurine | kobok toya ing ngayun | kayu gurda yam-alas pêksi | Dite Wage Wariga | Hyang Asmara luhung | sulastri pêksi kêpodhang | Dite Manis Wriga-gung Hyang Pancarêsi | gêdhong bèthèt cêmara ||

22. Ditè Êpon ing Anggara-Kasih | Julungwangi Hyang Sambu dewanya | umbul-umbul ing ngarsane | toya jêmbangan ngayun | wit cêpaka kuthilang paksi | Ditè Kaliwon Sungsang | gêdhong mlumah ngayun | dewane Bathara Gana | umbul-umbul ngarsa suku kobok warih | nori kayunya tangan ||

23. Dite Paing Galungan gumanti | Hyang Kamajaya anyangga toya | umbul-umbul nèng ngarsane | kayu tangan puniku | manuk bidho nulya aganti | Dite Wage Kuningan | Batharèndra nêngguh | kayunya jayakusuma | pêksi urang-urangan gêdhong nèng wuri | umbul-umbul nèng ngarsa ||

24. Dite Manis ingkang wuku Langkir | Bathara Kala kayunya ingas | cêmara sol satunggile | pan gêmak pêksinipun | Dite Êpon Anggara Kasih | kang wuku Mandhasiya | Brama dewanipun | gêdhonge anèng ing ngarsa | kayu asêm pêlatuk-bawang kang pêksi | gya Dite Kaliwon-nya ||

25. Julungpujud Hyang Guritna nênggih | ngarêpkên ardi pêksi pritbawang | pan rumbayut kêkayone | gya Dite Paing-ipun | wuku Pahang Hyang Tantra nênggih | amandhi kris liligan | kobok

--- 8 : 35 ---

toyèng pungkur | cocok kayu kêndhayakan | Dite Kliwon Kruwêlut Hyang Wisnumurti | astanya ngagêm cakra ||

26. Toya ing jêmbangan anèng ngarsi | sêsêpahan kayu parijatha | Dite Paing wuku Mrakèh | amunggul gêdhongipun | umbul-umbulira ambalik | tigaron kayunira | nora duwe manuk | Dite Pon (ng)Gara-Kasihan | wuku Tambir Hyang Siwah gêdhong nèng nginggil | parênjak kayu upas ||

27. Dite Kliwon Mêdhangkungan tampi | Hyang Basuki kayune pêlasa | gêdhong nèng nginggil pungkure | we wuri pêksi pêlung | Dite Paing Maktal gumanti | dewane Sang Hyang Cakra | umbul-umbul ngayun | gêdhonge anèng ing ngarsa | manuk ayam-alas kayu nagasari | Ngat Wage Wuye tampa ||

28. Hyang Kuwera gêdhong lumah ngarsi | kayu êtal manuke kêpodhang | kris liligan ing ngarsane | gya Dite manis-ipun | Citragatra wuku Manail | mangku tumbak liligan | toyèng bokor pungkur | tigaron pêksi sêpahan | Dite Êpon Prangbakat Anggara Kasih | dewane Sang Hyang Bisma ||

29. Suku ngarsa akobok ing warih | wit tirisan pêksi rang-urangan | Dita Kaliwon Bala-ne | Bathari Durga rêngu | gêdhongira anèng ing ngarsi | manuke ayam-alas | cêmara kang kayu | Dite Paing wukutampa§ Prayoginipun / wugu /. | Sang Hyang Singajalma gêdhonge nèng wingking | wuni pêksi kêpodhang ||

30. Dite Wage wuku Wayang tampi | Dèwi Êsri lungguh gêdhongira | toyèng jêmbangan ngarsane | kayu cêpaka arum | paksirinara yam-alas nuli |Lebih satu suku kata: paksinira yam-alas nuli. Dite Manis kang tampa | kang wuku Kêlawu§ Prayoginipun / Kulawu /. | Hyang Saddhana kayu êtal | pêksi nori tumbak liligan nèng wingking | gêdhonge anèng ngarsa ||

31. Toya ing jêmbangan anèng wuri | Dite Êpon Anggara Kasih-an | Dhukut Hyang Sakri dewane | kris ligan anèng pungkur | sarwi manggul gêdhong winuri | pandhan pêksi yam-alas | Dite Kliwonipun | selardi Hyang Antaboga | lawan Nagagini ngarêpakên candhi | wit Wijayakusuma ||

--- 8 : 36 ---

32. Paksinipun punika pan gogik | sampun jangkêp wuku tigangdasa | wuku nêm Anggara Kasih | Kurantil Julung-arum | Mandhasiya kalawan Tambir | Prang-bakat Dhukut nêmnya | Dite Pon sadarum | ingetang rumêksèng mangsa | lawan bêncèt lawan dhêstha ing Kurantil | sad sadha Julung-ngambar ||

33. Kasa sapta ing Mandhasiyèki | duwi astha ing Tambir lampahnya | tri nawa ing Prangbakate | caturdasa ing Dhukut | jangkêp nênêm wuku (ng)Gra Kasih | etang taun pasaran | pintên Paing-ipun | kalih warsa Pon sawarsa | Wage kalih warsa Kliwon ugi kalih | Manis-ipun sawarsa ||

34. Pangayuhing taun lan mangsèki | awit sèrèn eka sad Ponira | sèrèn dwi sapta ing Wage | anulya sèrènipun | ing tri astha Kaliwonèki | sarèhning mangsa marang | pêpêkananipunpêpêkênanipun. | ing catur nawa Manis-nya | asêsèrèn kang mangka pasaranèki | panca-windu Paing-nya ||

35. Kumpuling etang lan dintênèki | taun Dal Dite Gumbrêk Paing-nya | kalih warsa gya taun Be | Galungan wukunipun | Sukra Paing jangkêp rong warsi | Je Buda Pon sawarsa | wuku Julung-pujud | Jimawal tumpak Wage-nya | Julungwangi nulya Ehe ing Kurantil | Soma Wage jangkêpnya ||

36. Kalih warsa nulya taun Alip | Kêmis Kaliwon wuku Langkirnya | Jimakir Tumpak Kliwone | Pon Wuye wukunipun | jangkêpipun ing kalih warsi | nulya malih gumantya | ingkang taun Wawu | ing wuku Landêp punika | ing Anggara Manis jangkêpe sawarsi | etang mangsane warsa ||

37. Kanêm kapitu sadha kasèki | patangpuluh-siji dinanira | dhêstha karo tri-likure | kalimaning kawolu | ngênêm-likur dina winilis | kapat lawan kasanga | sami lima-likur | kasapuluh lan katiga | apan sami patlikur dina winilis | tumbuk kawolu kapat ||

38. Pan pinetang wuku lan mangsèki | Jamal Jamil nambung atêtanya | dospundi bab Taliwangke | ngong dèrèng patos surup | warigapak lan warigamis | dene mawi prabeda | kang samyètang wuku | kula dèrèng pati cêtha | sira Wasi Wrêgasana anauri | ngriki kang wus kêlampah ||

--- 8 : 37 ---

39. Taliwangke wuku nêm kèhnèki | kawit Landêp Warigalit ika | Kuningan Kuruwêlute | Wayang jangkêp nêmipun | sami Dite Wage puniki | lan rangkêpe ingetang | dina pasaripun | ing Paing Budandêpira | Kaliwone Warigapak kang winilis | ing Wage Sukra ningan ||

40. Pon ing Rêspati Lute marêngi | ing Kliwon-sumaye punika |Kurang satu suku kata: ing Kaliwon-sumaye punika. ing Manis Anggara Yange | jangkêp nênêm ingetung | Jamal Jamil nambungi angling | yèn tanah kula ngrika | pangetunge wuku | Warigamis Tumpak-Lutnya | dene sanès lan etang dina ing ngriki | etange Warigapak ||

41. Manira tanya malih ki wasi | pintên wuku ingkang Ringkêl jalma | Wrêgasana lon ature | lilima kathahipun | Wuku Sinta ingkang rumiyin | Soma Pon ringkêl jalma | Warigalitipun | Soma Kliwon ringkêl jalma | wuku Langkir Soma Paing ringkêl jalma | wuku Tambir ingetang ||

42. Anèng Soma Wage ringkêl jalmi | Bala Soma Manis ringkêl jalma | jangkêp gangsal paringkêle | sabên Soma yèn nuju | dina Aryang ringkêlejalmi | ringkêl panunggilannya | nênêm kathahipun | Aryang Wrukung Paningronnya | Uwas Mawulu Tungle jangkêpnèki |Kurang satu suku kata: Uwas Mawulu Tungle jangkêpinèki. Ariyang ringkêl jalma ||

43. Pan Wurukung ringkêl sato nênggih | Paningron ringkêl pêksi punika | Uwas kang Ringkêl iwake | Mawulu ringkêl wuku | Tungle Ringkêl godhong (n)jangkêpi | ringkêl si wa la ta ba§ Cêkakan / Sinta, Warigalit, Tambir, Bala /. | (ng)gih puniku wau | Sinta Warigalitira | Langkir Tambir Bala jangkêp nênêmnèki | Soma Aryang sadaya ||

44. Wrukung ringkêl sato wukunèki | kang wuku gangsal wu ju ju ma§ Cêkakan / Wukir, Julungwangi, Julungpujud, Maktal /. wa | Wukir lan Julung-wangine | kalawan Julung-pujud | Maktal Wayang jangkêpirèki | Dite Wrungkung sadaya | gya Paningronipun | ringkêl paksi wuku gangsal | kang ingetang ku su pa wu ku§ Cêkakan / Kurantil, Sungsang, Pahang, Wukir, Kulawu /. anênggih | Kurantil Sungsangira ||

--- 8 : 38 ---

45. Pahang Wuye Klawu gangsalnèki | Paningron nèng Tumpak sadayana | gantya Was ringkêl manuke | apan la wa ma ma wu§ Cêkakan / Landêp, Warigagung, Mandhasiya, Mandhangkungan, Wugu /. | Landêp Warigungirèki |Kurang satu suku kata: Landêp Warigagungirèki. Mandhasiya kalawan | Mandhangkungan Wugu | nèng Budha Uwas sadaya | nulya gantya Mawulu kang ringkêl wiji | ta ga ku ma dhu§ Cêkakan / Tolu, Galungan, Kuruwêlut, Maktal, Dhukut /. gangsal ||

46. Wuku Tolu lan Galunganèki | Kuruwêlut Makail Dhukut |Guru lagu seharusnya: 10a, Kuruwêlut Makail Dhukutan. jangkêp lilima wukune | kabèh Soma Mawulu | nulya Tungle ringkêl ronnèki | gu ku ma lawan prang wa§ Cêkakan / Gumbrêg, Kuningan, Mrakèh, Prang bakat, Watugunung /. | Gumbrêg kang rumuhun | Kuningan Mrakèh Prangbakat | Watugunung jangkêpe gangsal winilis | Soma Tungle sadaya ||

47. Sampun jangkêp ringkêl nêm prakawis | apan wontên malih kang ingetang | ingaranan Kaladite | nèng wuku tri wa ku wu§ Cêkakan / Warigagung, Kuruwêlut, Wugu /. | Warigagung ing Dite Manis | nuju Aryang Jagurnya | lawan Kuruwêlut | Dite Wage Was Jagurnya | Wugu Dite Paing Aryang Jagur nênggih | jangkêp wuku titiga ||

48. Walêr-sangkêr malih saprakawis | wuku satunggil nuju Galungan | nênggih Dhungulan wastane | tigang dintên puniku | Dite Soma Anggara-nèki | dewa Kala tri dina | ringkêl gung puniku | ringkêling para jawata | lamun nuju Galungan ing tigang ratri | minggu tan ana obah ||

49. Sakèhing jawatèng ngawiyati | miwah para jawatèng bantala | jawatèng samodra dene | dewaning kutu-kutu | walang-taga tan ana kari | ing dalêm tigang dina | sumêne aminggu | ingaran Dhandhan-kukudan | barang karya tan bêcik kêna ing sarik | pangapêsing jawata ||

50. Apan kêna soting jawata-di | kasabêting ila-ila dina | papa mala cintrakane | sapu dhêndhanira gung | sami walêr-sangkêr puniki | apan sangêt priyangga | iku sangar agung | tinimbang lan ringkêl jalma | Taliwangke Kaladite datan sami | maksih angkêr Dhungulan ||

--- 8 : 39 ---

51. Sangêt Dhêndhan-kukudan puniki | inggih yèn nuju wuku Galungan | Dite Soma Anggara-ne | dewa Kala Adhungul | datan kenging dipun gagampil | Sèh Mongraga sukèng tyas | myarsetanging wuku | sêsorah pakêming ajar | kabudayaning Kabudan kang pinusthaGuru lagu adalah "i", sebaiknya: pinusthi. | papasthèn winaskitha ||

52. Jamal Jamil atêtanya malih | kadipundi bab Lampahing lintang | Wuluh lawan Waluku-ne | kang parêng mangsanipun | bêncèt lawan wukunirèki | punapa manut surya | punapa nut wuku | Ki Wawasi Wrêgasana | anauri lampahing lintang kêkalih | Wuluh Waluku-nira ||

53. Tanggalipun myang surupirèki | anèng dintên sawiji tan owah | sabên ing Soma Manis-e | tanggal myang surupipun | sami angsal wuku mangsèki | lampahe ring-iringan | Wuluh lan Waluku | lintang Wuluh dènnya tanggal | Soma Manis ing mangsa karo marêngi | dwi astha ing Tambirnya ||

54. Soma Manis Mêdhangkunganèki | nulya pêndhak Soma Manis-ira | lintang Waluku tanggale | nuju katiganipun | ing tri-nawa Prangbakatnèki | Soma Manis-ing Bala | dene surupipun | lintang Wuluh nuju mangsa | ing ka-siji ka-sapta Mandhasiyèki | Soma Manis wukunya ||

55. Julungpujud pêndhak Soma Manis | lintang Waluku ing surupira | anuju mangsa karone | barêng mangsaning wuku | duwiastha ing Tambir nênggih | Waluku surupira | ing tanggaling Wuluh | puniku pan sasarêngan | sontên lintang Wluku surup bêdhugnèki | lintang Wuluh atanggal ||

56. Sèh Mongraga angandika aris | rika tutugêna apêpajar | ujare pawukon kabèh | Wrêgasana asaguh | sêmu langguk ciptaning galih | dinuga puruita | marang dhawakipun | Jamal Jamil samya mojar | kakang ajar kula andika jarwani | Padangon Padewannya ||

57. Miwah sêngkan-turunaning Êsri | lawan candranya ywa kaliwatan | sadaya nèh jarwakake | Wrêgasana amuwus | inggih sampun andika watir | dewa ingkang lumampah | wolu gantya laku | Êsri Endra Guru Yama | Lodra Brama Kala Uma jangkêpnèki | Sri rêjêki wardinya ||

--- 8 : 40 ---

58. Endra samar Guru karêp nênggih | Yama singlu loroning atunggal | Lodra gêtih pasêmone | Brama gêni liripun | Kalamurka Uma pawèstri | dewa Kala punika | yèn nuju lumaku | marêngi wuku Galungan | inggih sabên Galungan ing tigang ari | Dite Soma Anggara ||

59. Anèng ngriku Dhungule tri ari | kang kula-ucap wau punika | mila dhungul supayane | dewa Sri mantukipun | maring Sinta Dite-ne Paing | Padangon§ = Nawawara = petangan dintên sanga i.p.: Dangu, jagur, Gigis, Kerangan, Nohan, Wogan, Tulus, Wurung, Dadi. sasanganya | kawit saking Dangu | Jagur Gigis lan Kerangan | Nohan Wogan Tulus Wurung lawan Dadi | pan wus jangkêp sasanga ||

60. Dangu watu Jagur macan nênggih | Gigis bumi pan Kerangan surya | Nohan rêmbulan wêrdine | Wogan ulêr puniku | Tulus banyu Wurung pan gêni | Dadi kayu punika | jangkêp kang ingetung | sadaya amawa watak | Jamil tanya lampahe ta kadipundi | Wrêgasana wuwusnya ||

61. Inggih mangke pinetang rumiyin | Sêngkan-turunan§ = Petangan gangsal, i.p.: Srigati, Sapi-gumarang, Cèlèng-têmbalung, Kuthilapas, Asu Ajag. puniku gangsal | kang rumiyin Srigatine | Sami§ Prayoginipun / sapi /. gumarangipun | nulya Cèlèng-têmbalung nênggih | tumuntên Kuthila-pas | gya Suajagipun | jangkêp gangsal kang ingêtang | nulya Jabung-wuku§ Jabung-wuku, ugi kasêbat: Kalajaya-bumi, utawi Jabung Kala-Jayabumi, punika kalêbêt pirantosing pêpetangan wuku. Punika pralambang, kacariyos wujud danawa agêng anggigirisi, rumêksa ing wuku salêbêtipun sadintên sadalu. Singa ingkang nêrak panggenannipun anêmahi apês. Ingkang ngênggènni papanipun, manggih tumpang jayanipun. yèn kula ingriki | sanès lan kapujanggan ||

62. Yèn pujangga dènnya amastani | Kalajaya-bumi petangira | wuku tigang-dasa kabèh | pan pinara sapuluh | nêlu-nêlu sadumanèki | siang dalu rumêksa | ing jayaning wuku | pitung dintên gênti mara | sabên-sabên wuku kang lumaku nênggih | punika petangira ||

--- 8 : 41 ---

63. Jabung-wuku Kalajaya-bumi | kang rumêksa ing jagad purwèngrat | wetan bênêr wuku trine | pan Mêdhangkungan-ipun | Sungsang Sêla-ardi (n)jangkêpi | Bathara Mahadewa | Mahadèwi puniku |Lebih satu suku kata: Mahdèwi puniku. pasar Lêgi kutha perak | langse seta kuntul santên kang jêladri | sastra ha na ca ra ka ||

64. Jabung wuku Kalajaya-bumi | kang rumêksa ing jagad duksina | kidul bênêr wuku trine | Gumbrêg Pahang lan Wugu | Sang Hyang Sambu Swagnyana dèwi | Paing pasaranira | swasa kuthanipun | pan ulung bang paksinira | langse rêkta ludira punang jaladri | sastra da ta sa wa la ||

65. Jabung wuku Kalajaya-bumi | ingkang rumêksa anèng pracima | kulon bênêr wuku trine | Landêp Kuninganipun | Wuye Kamajaya lan Ratih | Êpon pasaranira | êmas kuthanipun | pan kêpodhang pêksinira | langse pita madu pan jaladrinèki | sastra pa dha ja ya nya ||

66. Jabung-wuku Kalajaya-bumi | kang rumêksa ing jagad utara | ing lor bênêr wuku trine | Mrakèh Klawu Wrigagung | Sang Hyang Wisnu Bathari Êsri | Wage pasaranira | wêsi kuthanipun | pêksi dhandhang pêksinira | langse wulung nila kang punang jaladri | sastra ma ga ba tha nga ||

67. Jabung-wuku Kalajaya-bumi | kang rumêksa jagad madyantara | têngah ngandhap wuku trine | Krantil Prangbakatipun | Mandhasiya Hyang Bayu Umi | Kaliwon pasarannya | prunggu kuthanipun | apan gogik pêksinira | langse mancawarna wedang kang jêladri | sastra ji ro lu pat ma ||§ Kasêrat sastra Jawi / [...].

68. Jabung-wuku Kalajaya-bumi | kang rumêksa jagad ngantariksa | nginggil bênêr wuku trine | Kruwêlut Wayang-ipun | Wriga surya Suranggana-di | sastra e la pa ya o§ Kasêrat sastra Jawi / [...] / kawaosa: 6 7 8 9 0 (nêm tu lu nga das). | (lang)§ Prayoginipun kabucal = botên kawaos. nêngguh jabung wuku | Kalajaya-bumi ingkang | rumêksèngrat kidul-wetan kang wuku tri | wuku Wukir kalawan ||

69. Wuku Langkir lan wuku Manail | Hyang Kuwera sastra narasonya | nèng kidul-wetan prênahe | gantya kang jabung-wuku | Kalajaya-bumi [Ka...]

--- 8 : 42 ---

[...lajaya-bumi] anênggih | ingkang rumêksa jagad | kidul kilènipun | wuku tri Julungwanginya | Tambir Dhukut Sang Bathara Mahayêkti | sastranipun galdheya ||§ Prayoginipun / gandheya /.

70. Jabung wuku Kalajaya-bumi | kang rumêksa jagad lor-kilènnya | apan titiga wukune | Tolu lan Bala nêngguh | JulungpuyudJulungpujud. Hyang Siwah nênggih | nurwitri sastranira | gantya jabung wuku | Kalajaya-bumi ingkang | rumêksa ring jagad êlor-wetanèki | apan wuku titiga ||

71. Sinta Maktal Galungan puniki | Hyang Prit-anjala sastranya bya bya | tamat sadaya kuthane | ingkang samya ingetung | jabung Kalajaya ing bumi | yèn wus waspadèng etang | wuku têlungpuluh | sadayane kinawruhan | dadya ruwat mala cintrakaning urip | kêdah paham angetang ||

72. Langkir Wukir lan wuku Manail | kidul-wetan jagad ênggènnira | wuku Gumbrêg lan Pahange | kidul bênêr (ng)gènnipun | Julung-wangi Tambir Dhukuti | kang kidul-kilènira | Wuye Landêpipun | Kuningan Tolu lan Bala | kilèn bênêr Julung-pujud anênggani | lor-kulon prênahira ||

73. Warigagung lan wuku Marakih | lan Kulawu lor bênêr (ng)gonnira | Sinta Maktal Galungane | lor wetan prênahipun | Madhangkungan lan Sela-ardi§ = Watugunung. | Sungsang wetan (n)gonnira | Kurantil lan wuku | Prangbakat Mandhasiya-nya | nèng pratala Kuruwêlut Wayang nênggih | Warigalit ing tawang ||

74. Jangkêp etang wuku tri-dasèki | dinum nyadasa aniga-niga | anênggani ing prênahe | watêking jabung wuku | ing prang apês ungguling jurit | nêrak apês jayanya | kang ngênggèni unggul | punika etanging lampah | wuku ingkang katurunan ing Srigati | pipitu kathahira ||

75. Wuku Tolu lawan Julungwangi | Wukir Marakèh lan Wuye ika | Wugu lan Watugunung-e | jangkêp pitu ingetung | gya arêsan ingkang winilis | apan wuku lilima | nênggih kang rumuhun | Gumbrêg-an lawan Julung-an | Mandhasiyan Galungan Dhukut anênggih |

--- 8 : 43 ---

jangkêp gangsal ingetang ||

76. Nulya Wrêgagêmêt-e winilis | awit Dite Paing wuku Sinta | dewa Sri Tungle Dangune | Sinta Soma Pon-ipun | Endra Aryang Dangu marêngi | Soma Pon ringkêl jalma | Mulya Sinta-nipun | Anggara Wage punika | Dewa Guru Wrukung Dangu Sinta nênggih | Buda Kaliwon-ira ||

77. Kala Paningron Dangu ngêkêli | Sinta ing Rêspati Manis-ira | Lodra Uwas ing Jagure | Sinta ing Sukranipun | Paing Brama MawaluMawulu. Gigis | sêngkaning Asu-ajag | Sinta Tumpak-ipun | Pon Kala Tungle Kerangan | tuturipun Sapi-gumarang anênggih | jabung ing wuku Sinta ||

78. Jayabumi nèng lor-wetan nênggih | majêng ngidul-ngilèn pitung dina | sampun nêrak kala gêdhe | gantya ing Landêpipun | Dite Wage Uma marêngi | Aryang nuju Anohan | Landêp Soma Kliwun | dewa Sri wurukung Wogan | anulya wuku Landêp ingkang Amanis | Dewèndra Paningronnya ||

79. Tulus nulya Landêp Buda Paing | Dewa Guru Uwas Wurung ika | apan nuju Taliwangke | Landêp Rêspatinipun | Êpon Uma Mawulu Dadi | Landêp Sukra Wagenya | Lodra Tungle Dangu | Cèlèng-têmbalung sumêngka | Landêp TumpukTumpak. Kaliwon dewanirèki | Brama Aryang Jagurnya ||

80. Turunning Kuthila-pas mring bumi | jabung wuku Landêp kilèn (ng)gènnya | marêp mangetan bênêre | ing petung dintên sampun | anêrajang kala tan bêcik | gantya wuku Wukir-nya | Dite Manis-ipun | dewa Kala Wurukungnya | apan Gigis nuju sêngkaning Srigati | Wukir Soma Paing-nya ||

81. Uma Paningron Kerangan nênggih | Wukir ing Anggara Pon punika | dewi Sri Uwas Nohan-e | Wukir Budawanèku | Endra Wogan Mawulunèki | Wukir ing Rêspatinya | Kliwon dewa Guru | anuju Tungle Tulusnya | nulya wuku Wukir ingkang Sukra Manis | Yama Aryang Wurungnya ||Wrukungnya.

82. Nulya Wukir ing ri Tumpak Paing | dewa Endra Wurukung Dadi-nya | turunning Asu-ajage | jabung waktu anêngguh | Kalajaya-bumi ing Wukir | wontên ing kidul-wetan | pitung dintên sampun | purun

--- 8 : 44 ---

amurugi kala | gantya wuku Kurantil Dite Pon nênggih | anuju dewa Brama ||

83. Paningron Dangu Sêngkan-irèki | Sapi-gumarang mêsat mring wiyat | [...] |Kurang satu baris: 8e. [...] |Kurang satu baris: 7u. Kurantil ing Anggara Kasih | anuju dewa Uma | mula Gigisipun | Karantil Buda Manis-nya | dewa Êsri Tungle Kerangan anuli | Krantil Kêmis Paing-nya ||

84. Dewa Endra Aryang Nohan nênggih | Kurantil-ing Sukra Pon punika | Guru Wurukung Wogan-e | Krantil Tumpak Wage-ku | dewa Yama Paningronèki | Tulus tumurunnira | ing Cèlèng-têmbalung | jabung wuku Kurantil-nya | anèng ngandhap majêng nginggil pitung ari | sampun murugi kala ||

85. Gantya Tolu Dite Kliwon nênggih | dewa Lodra Uwas Wurung ika | sêngkaning Kuthila-pas-e | Tolu ing Soma Madu | dewa Brama Mawulu Dadi | sang Srigati tumêndhak | pawon dènnya nurun | Tolu Anggara Paing-nya | dewa Kala nuju Tungle Dangu nênggih | Tolu Buda Pon-nira ||

86. Dewa Uma Aryang Jagurnèki | Tolu ing Rêspati Wage-nira | dewa Sri Wrukung Gigise | Tolu Sukra Kaliwun | Endra Ningron Keranganèki | Tolu Tumpak Manis-nya | nuju dewa Guru | marêngi Uwasing Nohan | Jabung-wuku Tolu lèr-kilèn (ng)gènnèki | pan majêng ngidul-ngetan ||

87. Pitung dintên pitung dalu nênggih | sampun purun amurugi kala | gantya gya wuku Gumbrêg-e | ing Dite Paing-ipun | Yama Mawulu Wogan-èki | Sêngkaning Asu-ajag | Gumbrêg Soma-nipun | Lodra Pon Tungle Tulus-nya | turunnipun Sapi-gumarang mring bumi | Gumbrêg (ng)Gara Wage-nya ||

88. Dewa Brama Aryang Wurung nênggih | Gumbrêg Buda Kliwon dewa Kala | Warukung nuju Dadi-ne | Gumbrêg Rêspati Madu | Uma Paningron Dangunèki | Gumbrêg Sukra Paing-nya | ing Sri Uwas Jagur | Gumbrêg tumpak dewa Endra | amarêngi Mawulu anuju Gigis | Jabung-wuku Gumbrêg-nya ||

89. Anèng kidul bênêr (ng)gonnirèki | pitung dina ywa murugi kala | gantya wuku Wrigalite | ing Dite Wage Guru | nuju Tungle Kerangan nênggih | Sêngkan Cèlèng mring wiyat | Warigalitipun |

--- 8 : 45 ---

Soma Kliwon dewa Yama | Aryang Nohan marêngi kang ringkêl jalmi | turuning Kuthila-pas ||

90. Warigalit ing Anggara Manis | dewa Lodra ing Wurukung Wogan | nuju Sêngkan Srigati-ne | ing Warigalitipun | Buda Paing Brama marêngi | Paningron Tulusira | Warigalitipun | Rêspati Pon dewa Kala | Uwas Wurung nuju Taliwangke§ Dintên apês, naas. Sabên wulan Jawi wontên satunggal dintên ingkang kalêbêt Taliwangke. nênggih | Warigalit ing Sukra ||

91. Wage Uma ing Mawulu Dadi | Warigalit Tumpak Kaliwon-nya | dewa Sri Tungle Dangu-ne | nênggih kang Jabung wuku | Warigalit anèng ing nginggil | ing pitung ditêndintên. aywa | murugi kala gung | gantya wuku Wrigagungnya | Dite Manis Endra Aryang Jagur nênggih | Kala-dite punika ||

92. Wuku Warigagung Soma Paing | dewa Guru Wurukung Gigis-nya | turuning Asu-ajag-e | ing Warigagung-ipun | Anggara Pon Yama marêngi | ing Paningron Kerangan | nuju Sêngkannipun | Sapi-gumarang mring wiyat | Warigagung ing Buda Wage marêngi | Lodra ing Uwas Nohan ||

93. Wrigagung Rêspati Kliwon-èki | dewa Brama ing Mawulu Nohan | Wrigagung Sukra Manis-e | Kala ing Tungle Tulus | Warigagung ing Tumpak Paing | Uma Aryang Wurung-nya | ingkang Jabung-wuku | Wrigagung nèng lèr (ng)gènnira | majêng ngidul pitung dina pitung ratri | aywa murugi kala ||

94. Gantya ingkang wuku Julungwangi | Dite Êpon Sri Wrukung Dadinya | Julungwangi Soma Wage | Endra Paningron Dangu | turunnipun Cèlèng mring bumi | Julungwangi Anggara | Kasih dewa Guru | Uwas Jagur sêngkanira | ing Kuthila-êpas mêsat maring langit | wuku Julungwangi-nya ||

95. Buda Manis dewa Yama nênggih | amarêngi Mawulu Gigisnya | tumurunning Srigati-ne | ing paturon (ng)gènnipun | Julungwangi Rêspati Paing | Lodra Tungle Kerangan | Julungwangi-nipun | ing Sukra Pon dewa Brama | Aryang Nohan ingkang wuku Julungwangi | ing Tumpak Wage-nira ||

--- 8 : 46 ---

96. Dewa Kala Wrukung Wogan nênggih | Jabung-wuku Julungwangi-nira | apan anèng kidul-kilèn | majêng lèr-wetanipun | pitung dintên ing pitung ratri | sampun murugi kala | tan pênêt tinêmu | gantya ingkang wuku Sungsang | Dite Kliwon Uma Ningron Tulus nênggih | Sungsang Soma Manis-nya ||

97. DewaDèwi. Êsri Uwas Wurung nênggih | wuku Sungsang Anggara Paing-nya | Endra Mawulu Dadi ne | Su-ajag Sêngkannipun | Sungsang Buda Êpon marêngi | Guru Tungle Dangu-nya | Gumarang tumurun | Sungsang Rêspati Wage-nya | dewa Yama Aryang nuju Jagur nênggih | Sungsang Sukra Kliwon nya ||

98. Dewa Lodra ing Wurukung Gigis | wuku SusangSungsang. ing Tumpak Manis-nya | Brama Ningron Kerangan-e | anênggih Jabung-wuku | Sungsang wetan ênggonnirèki | ing dalêm pitung dina | sampun purun-purun | nrajang kala tan prayoga | gantya wuku Galungan ingkang gumanti | ing Dite Paingira ||

99. Dewa Kala Uwas Nohan-èki | Galungan ing Soma Pon punika | Kala Mawulu Wogan-e | wuku Galunganipun | ing Anggara Wage nirèki | Kala Tungle Tulusnya | Sêngkaning Têmbalung | puniku Dhungulanira | dewa Kala tigang dintên Andhunguli | Dite Soma Anggara ||

100. Galunganing Buda Kliwon nênggih | dewa Uma Aryang Wurung ika | turuning Kuthila-pas-e | Galungan Kêmis Madu | dewa Êsri Wurukung Dadi | Sêngkan ing Srigatinya | ing Galunganipun | Sukra Paing dewa Endra | Ningron Dangu Galungan Tumpak Ponèki | Guru Uwas Jagurnya ||

101. Jabung wuku ing Galungan nênggih | nèng lor wetan ngidul ngilèn rêpnya | aywa murugi kalane | gantya Kuningan-ipun | Dite Wage Yama marêngi | Mawulu Gigisira | ing Kuninganipun | ing Soma Kaliwon-ira | dewa Lodra ing Tungle Kerangan-èkiKerangan-nèki. | Ningan (ng)Gara Manis-nya ||

102. Dewa Brama Aryang Nohan nênggih | Kuningan ing Buda Paingira | Kala Wurukung Wogane | Asu-ajag tumurun | Kuningan Rêspati Pon nênggih | marêngi dewa Uma | ing Paningron

--- 8 : 47 ---

Tulus | Sêngkaning Sapi-gumarang | Kuningan ing Sukra Wage dewanèki | Êsri Uwas Wurung-nya ||

103. Apan nuju Taliwangke nênggih | Kuningan ing Tumpak kaliwonnya | Endra Mawulu Dadine | pan Jabung-wukunipun | Kuningan nèng kilèn (ng)gènnèki | apan majêng mangetan | pitung dintên sampun | purun amurugi kala | gantya wuku Langkir ingkang Dite Manis | Guru Tungle Dangu-nya ||

104. Ingkang wuku Langkir Soma Paing | dewa Yama Aryang Jagurira | anuju ringkêl jalmane | Langkir (ng)Gra Pon-ipun |Kurang satu suku kata: Langkir (ng)Gara Pon-nipun. dewa Lodra Wurukung Gigis | Langkir Buda Wagenya | dewa Brama nuju | Paningron Keranganira | turunnipun Cèlèng-têmbalung mring siti | Langkir Kêmis Kliwon-nya ||

105. Dewa Kala Uwas Nohan-nèki | nuju sêngkaning Kuthila-êpas | Langkir ing Sukra Manis-e | dewa Uma Mawulu | Wogan turunnipun Srigati | tumurun padaringan | wuku Langkir-ipun | ing Tumpak Paing punika | dewa Êsri Tungle nuju Tulusnèki | jabung-wuku Langkirnya ||

106. Anèng kidul-wetan (ng)gyannirèki | majêng ngalèr-ngilèn pitung dina | sampun murugi kala-ne | gantya Mandhasiyèku | Dite Êpon Endra marêngi | nuju Aryang Wurungnya | Mandhasiyanipun | ing Soma Wage Guru-nya | amarêngi ing Wurukung nuju dadi | MadhasiyèngMandhasiyèng. Anggara ||

107. Kaliwone apan (ng)Gara Kasih | dewa Yama Paningron Dangunya | Mandhasya Buda Manis-e | dewa Lodra Was Jagur | Mandhasiya Rêspati Paing | Brama Mawulu-nira | Gigis Sêngkanipun | kang Asu-ajag mring tawang | Mandhasiya ing Sukra Pon Kala nênggih | Tungle nuju Kerangan ||

108. Turun Sapi-gumarang mring siti | Mandhasiya ing Tumpak Wage-nya | Uma Ariyang Nohan-e | nênggih kang Jabung-wuku | anèng ngandhap majêng manginggil | ing pitung dintên aywa | murugi kala gung | gantya Julungpujud-ira | Dite Kliwon Êsri Wrukung Wogan-èki | Julungpujud ing Soma ||

--- 8 : 48 ---

109. Manis Endra Ningron Tulus nênggih | Julungpujud Anggara Paing-nya | dewa Guru Was WurungeWrukunge. | kang wuku Julungpujud | ing Buda Pon Yama marêngi | ing Mawulu Dadi-nya | wuku Julung-pujud | ing Rêspati Wage Lodra | Tungle Dangu Cèlèng sumêngka mring langit | Julungpujud ing Sukra ||

110. Kliwon Brama Aryang Jagurnèki | turunipun ing Kuthila-êpas | mring siti Julungpujud-e | ing Tumpak Manis-ipun | dewa Kala Wurukung Gigis | Sêngkanning Srigati ka | nênggih Jabung-wuku | Julung-pujud ênggènnira | nèng lèr-kilèn majêng ngidul-ngetan nênggih | Guru Tungle Tulusnya ||

111. Aywa nêrak ing kala tan bêcik | gantya Pahang Dite Paing tampa | Uma Ningron Kerangane | kang wuku Pahangipun | ing Soma Pon dewanya Êsri | marêngi Uwas Nohan | wuku Pahangipun | Anggara Wage Dewèndra | Mulu Wogan Pahang Buda Kliwon nênggih | Guru Tungle Tulusnya ||

112. Wuku Pahang ing Rêspati Manis | dewa Yama Aryang Wurungira | Pahang ing Sukra Painge | dewa Lodra Wurukung | Dadi nuju turunirèki | Su-ajag mring bantala | wuku Pahangipun | Tumpak Êpon dewa Brama | Ningron Dangu Gumarang mêsat mring langit | Jabung ing wuku Pahang ||

113. Anèng kidul marêp ngalor nênggih | pitung dintên ywa murugi kala | gantya wuku Kruwêlut-e | ing Dite Wagenipun | Kala Uwas Jagur marêngi | Kala-dite punika | wuku Kuruwêlut | ing Soma Kaliwon-ira | dewa Uma Mawulu anuju Gigis | wuku Kuruwêlut-nya ||

114. Ingkang (ng)Gara Manis dewadèwi. Êsri | amarêngi ing Tungle Kerangan | Kruwêlut Buda Paing-e | Dewèndra Aryang Jagur | Nohan Kuruwêlut Rêspati | Pon Guru Wrukung Wogan | wuku Kuruwêlut | Sukra Wage dewa Yama | Ningron Tulus Cèlèng tumurun mring siti | wuku Kuruwêlut-nya ||

115. Ing Tumpak Kaliwon amarêngi | dewa Lodra Uwas Wurung ika | Sêngkan ing Kuthila-pas-e | Jabung-wuku Kruwêlut | anèng nginggil lêrês (ng)gènnèki | apan majêng mangandhap | pitung dintên sampun | purun amurugi kala | gantya wuku Marakèh ing Dite Manis | Brama Mawulu Dadya ||

--- 8 : 49 ---

116. Tumuruning Srigati mring bumi | tumêdhakira anèng ing taman | Marakèh Soma Paing-e | Kala ing Tungle Dangu | Marakèh Anggara Pon-èki | marêngi dewa Uma | Aryang nuju Jagur | Marakèh Buda Wage-nya | dewadèwi. Êsri marêngi Wurukung Gigis | kang wuku Marakèh-nya ||

117. Ing Rêspati Kaliwon-irèki | dewa Endra Paningron Kerangan | Marakèh Sukra Manis-e | Guru Was Nohan-ipun | wuku Mrakèh ing Tumpak Paing | Yama Mawulu Wogan | Su-ajag mêndhuwur | Jabung-wuku Marakèhnya | nèng lor lêrês majêng ngidul pitung ari | aywa murugi kala ||

118. Gantya ingkang wuku Tambir tampi | Dite Pon Lodra Tungle Tulusnya | Turun Sapi-gumarang-e | Tambir Soma Wage-ku | Brama Aryang Wurung marêngi | ringkêl jalma punika | wuku Tambiripun | ing Anggara Kasih-ira | dewa Kala Wurukung anuju Dadi | Buda Manis Tambir-nya ||

119. Uma ing Paningron Dangu nênggih | Tambir ing Rêspati Paingira | Sri Uwas nuju Jagure | Tambir Sukra Pon-ipun | dewa Lodra Mawulu Gigis | Tambir Tumpak Wage-nya | nuju dewa Guru | Tungle Kêkerangan-ira | Sasêngkaning Cèlèng-têmbalung mring langit | jabung wuku Tambirnya ||

120. Anèng kidul kilèn (ng)gènnirèki | majêng ngalèr ngetan pitung dina | aywa nêrak kala gêdhe | awon ingkang tinêmu | gantya Mêndhangkungan-irèki§ Limrahipun / Madhangkungan /. | Dite Kaliwon Yama | Aryang Nohanipun | turuning Kuthila-êpas | kang wuku Mêndhangkungan§ Limrahipun / Madhangkungan /. ing Soma Manis | Lodra Wurukung Wogan ||

121. Nuju Sêngkanira ing Srigati | Mêndhangkungan§ Limrahipun / Madhangkungan /. Anggara Paingnya | Brama Paningron tuluse | ing Mêdhangkungan§ Limrahipun / Madhangkungan /. ipun | Buda Êpon Kala marêngi | Uwas nuju Wurungnya | Mêdhangkungan-ipun§ Limrahipun / Madhangkungan /. | ing Rêspati Wagenira | dewa Uma Mawulu anuju Dadi | kang wuku Mêndhangkungan ||§ Limrahipun / Madhangkungan /.

122. Ing Sukra Kaliwon dewi Êsri | Tungle dangu wuku Mêndhangkungan§ Limrahipun / Madhangkungan /. | nuju ing Tumpak Manis-e | Endra Ariyang Jagur | Jabung-wuku Mêndhangkunganing§ Limrahipun / Madhangkungan /. | nèng wetan lêrês (ng)gènnya |

--- 8 : 50 ---

majêng ngilèn nêngguh | pitung dintên ywa nêrajang | kala gêdhe gantya Maktal Dite Paing | Guru Wrukung Gigisnya ||

123. Turunipun Su-ajag mring siti | wuku Maktal ing Soma Pon-ira | dewa Yama Paningron-e | Kerangan Sêngkanipun | kang Sapi-gumarang mring langit | wuku Maktal Anggara | Wage dewanipun | Lodra nuju Uwas Nohan | wuku Maktal ing Buda Kaliwon-èki | Brama Mawulu Nogan ||

124. Wuku Maktal ing Rêspati Manis | dewa Kala Tungle Tulis-ira | Maktal ing Sukra Paing-e | Uma Ariyang Wurung | wuku Maktal Tumpak Pon-èki | Sri Wurukung Dadi-nya | nênggih Jabung-wuku | nèng lèr-wetan ênggènnira | majêng ngidul ngilèn pan ing pitung ari | sampun murugi kala ||

125. Gantya ingkang wuku Wuye tampi | Dite Wage nuju dewa Endra | Paningron Dangu turunne | ingkang Cèlèng-têmbalung | Wuye Soma Kaliwon-èki | Guru Uwas Jagurnya | kuthila mandhuwur | nuju Taliwangkenira | Wuye Gara Manis Brama Wulu Gigis | turunning Srigati ka ||

126. Tumêdhak nèng kandhang dèn-ênggèni | wuku Wuye Buda Paing-ira | Lodra Tungle Kerangane | kang wuku Wuye-nipun | ing Rêspati Êpon marêngi | Brama Ariyang Nohan | Wuye Sukra-nipun | Wage Kala Wrukung Wogan | Wuye Tumpak Kaliwon lima marêngi | Paningron Tulus-ira ||

127. Jabung wuku Wuye (ng)gènnirèki | wontên kilèn lêrês majêng ngetan | sapta-ri sapta-ratrine | ywa nêrak kala agung | gantya ingkang wuku Manail | ing Dite Manis-ira | Êsri Uwas Wurung | Manail Soma Paingnya | dewa Endra Mawulu Dadi marêngi | Sêngkaning Asu-ajag ||

128. Manail ing Anggara Pon-èki | dewa Guru Tungle Dangu-nira | turun Sapi-gumarang-e | wuku Manailipun | Buda Wage Yama marêngi | Ariyang Jagurira | kang Manailipun | Rêspati Kaliwonira | dewa Lodra Wurukung anuju Gigis | ing wuku Manailnya ||

129. Amarêngi ing Sukra-nya Manis | dewa Brama Paningron Kerangan | Manail Tumpak Paing-e | kalawan Nohan-ipun | pan

--- 8 : 51 ---

jabunge wuku Manail | nèng kidul wetan (ng)gènnya | pitung dintên sampun | purun amurugi kala | gantya wuku Prangbakat Dite Pon nênggih | Uma Mawulu Wogan ||

130. Prangbakat-e Soma Wage-nèki | dewa Êsri ing Tungle Tulus-nya | Sêngkan Cèlèng-têmbalunge | wuku Prangbakatipun | amarêngi Anggara Kasih | Endra Aryang Wurungnya | nuju turunnipun | Kuthila-pas mring bantala | Prangbakat ing Buda Manis Guru nênggih | ing Wurukung Dadi-nya ||

131. Sêngkanning Srigati maring langit | Prangbakat ing Rêspati Paingnya | Yama Paningron Dangune | wuku Prangbakatipun | amarêngi Sukra Pon nênggih | Lodra Uwas Jagurnya | ing Prangbakat-ipun | Tumpak Wage dewa Brama | amarêngi Mawulu anuju Gigis | Jabung wuku Prangbakat ||

132. Anèng ing ngandhap nuju manginggil | pitung dintên ywa murugi kala | kalawan aywa mêmênèk | agantya ingkang wuku | Bala Dite Kaliwon-èki | Kala Tungle Kerangan | Bala Soma Madu | dewa Uma Aryang Nohan | wuku Bala nalika Anggara Paing | dewa Sri Wrukung Wogan ||

133. Tumuruning Asu-ajag nênggih | wuku Bala ing Buda Pon-ira | Endra Paningron Tuluse | anuju Sêngkannipun | ing Sapi-gumarang mring langit | Bala ing Rêspatinya | Wage dewa Guru | marêngi Uwas Wurungnya | Wuku Bala ing Sukra Kaliwon-èki | Yama Mawulu Dadya ||

134. Kang wuku Bala ing Tumpak Manis | dewa Lodra ing Tungle Dangu-nya | Jabung ing wuku Balane | nèng lèr-kilèn (ng)gènnipun | pitung ari ing pitung ratri | aywa murugi kala | tan bêcik tinêmu | gantya kang wuku Wugunya | Dite Paing Brama Aryang Jagur nênggih | Kala-dite punika ||

135. Wuku Wugu ing Soma Ponèki | dewa Kala Wrukung Gigisira | wuku ingkang (ng)Gara Wage | Dewa Uma anuju | ing Paningron Kerangan-èki | marêngi turunnira | kang Cèlèng-têmbalung | Wugu Buda Kaliwon-nya | Dewa Êsri Nohan Uwas amarêngi | sêngkaning Kuthila-pas ||

--- 8 : 52 ---

136. Wuku Wugu ing Rêspati Manis | dewa Endra ing Mawulu Wogan | tumurunning Srigatine | tumêdhak anèng lumbung | wuku Wugu ing Sukra Paing | Guru Tungle Tulus-nya | Wugu Tumpakipun | Pon Yama WurungWrukung. Aryangnya | Jabung-wuku Wugu nèng kidul sapta-ri | gantya kang wuku Wayang ||

137. Dite Wage Lodra Wrungkung Dadi | wuku Wayang Soma Kliwon-èki§ Prayoginipun / Kliwon-ira /. | Brama Paningron Dangun-e | Wayang Anggara Madu | Kala Uwas Jagur marêngi | Taliwangke punika | wuku Wayangipun | pan ing Buda Paing-ira | dewa Uma anuju Mawulu Gigis | Sêngkaning Asu-ajag ||

138. Wuku Wayang Rêspati Pon-èki | DewaDèwi. Êsri ing Tungle Kerangan | turun Sapi-gumarang-e | ing wuku Wayangipun | Sukra Wage Endra marêngi | Ariyang Nohanira | Wayang Tumpak Kliwun | Guru ing Wurukung Wogan | ingkang Jabung-wuku Wayang anèng nginggil | apan majêng mangandhap ||

139. Apan pitung dina pitung ratri | sampun purun amurugi kala | gantya wuku Kulawune | Dite Manis anuju | Dewa Yama Paningronèki | Tulus ing Kulawu-nya | Soma Paing-ipun | Lodra Uwas ing Wurung-nya | wuku Kulawu Anggara Pon-èki |Kurang satu suku kata: wuku Kulawu Anggara Ponirèki. Brama Mawulu Dadya ||

140. Kulawu ing Buda Wage-nèki | Dewa Kala Tungle ing Dangu-nya | Sêngkan Cèlèng-têmbalung-e | ingkang wuku Kulawu | ing Rêspati Kaliwonèki | Uma Aryang Jagurnya | nuju turunnipun | Kuthila-pas ing bantala | ingkang wuku Kulawu ing Sukra Manis | Sri Wurukung Gigisnya ||

141. Amarêngi Sêngkaning Srigati | ing Kulawu Tumpak Paing-ira | dewa Endra Paningron-e | Kerangan Jabung-wuku | Kulawu nèng êlèr (ng)gènnèki | majêng ngidul lêrêsnya | pitung dintên sampun | purun amurugi kala | gantya wuku Dhukut Dite Pon-irèki | dewa Guru Was Nohan ||

--- 8 : 53 ---

142. Wuku Dhukut ing Soma Wage-ki | dewa Yama ing Mawulu Wogan | Dhukut Anggara Kasih-e | Lodra ing Tungle Tulus | wuku Dhukut ing Buda Manis | Brama Aryang Wurung-nyaWrukung. | ingkang wuku Dhukut | ing Rêspati Paing-ira | dewa Kala Wurukung anuju Dadi | turunning Asu-ajag ||

143. Wuku Dhukut Sukra Pon-irèki | dewa Endra Paningron Dangunya | Sêngkan Sapi-gumarang-e | Dhukut Tumpak Wage-ku | Êsri Uwas Jagurirèki | Jabung-wuku Dhukutnya | kidul-kilènipun | apan majêng ngalèr-ngetan | pitung dintên sampun purun amurugi | kala yèn kasêngkala ||

144. Gantya wuku Watugunung nênggih | Dite Kaliwon-nya dewa Endra | Mawulu nuju Gigis-e | ing wuku Watugunung | dina Soma Manis marêngi | Guru Tungle Kerangan | ingkang Watugunung | ing Anggara Paing-ira | dewa Yama nuju Aryang Nohan nênggih | wuku Watugunung-nya ||

145. Ing Buda Pon Dewa Lodra-nèki | anuju Wurukung Wogan-ira | kang wuku Watugunung-e | Rêspati Wage-nipun | dewa Brama Paningronèki | tulus tumurunnira | kang Cèlèng-têmbalung | Selardi§ =Watugunung. Sukra Kliwon-nya | dewa Kala ing Uwas Wurung marêngi | Sêngkanning Kuthila-pas ||

146. Wuku Watugunung Tumpak Manis | dewanira Endra kang lumampah | nuju Mawulu Dadine | marêngi turunnipun | kang Srigati marang ing bumi | anèng lêsung tumêdhak | nênggih Jabung-wuku | Watugunung anèng wetan | majêng ngilèn pitung dintên pitung ratri | sampun murugi kala ||

147. Sampun jangkêp wuku tridasèki | lampahing wuku Wrêgagêmètnya | inganggêrakên lampahe | Jamal-Jamil gumuyu | sarwi angling angumpak dhiri | nora jamak kang ajar | ujare ambubruk | prasasat dhalang awayang | paham kabèh boya wus luput ing lali | dhasar pintêr kang ajar ||

--- 8 : 54 ---

148. Wasi Wrêgasana ambêdhidhig | mathêm munthuk mèsêm sarwi mojar | inggih kados pundi malèh | tiyang wus damêlipun | anèng wukir wuku pinikir | lamun tan makatêna | tan sagêd anggêntur | tanpa damêl anèng arga | yèn tan wruha pangulah lampahing budi | kabudayan Kabudan ||

149. Panglêpase tyas marang Hyang Widdhi | kamulyaning marcapadèng dibya | sampurna ing dêlahane | pratistha ing panggayuh | tang tar giyuh marang pangaksi | waskitha ing kasidan | sasêdyaning kayun | têtêsing panitisan | Jamal Jamil anjawil têtanya malih | mring Wasi Wrêgasana ||

150. Manira tanya kakang wawasi | mungguh candranya ing Paringkêlan | wuku tigangdasa kabèh | nèh jarwakên sadarum | tumbuk Sangar lan tumbuking Sri | sampun tanggêl pêpajar | kang gêmêt sadarum | Ki Wêwasi Wrêgasana | anauri lah inggih punika gampil | patanyandika mringwang ||

151. Wuku Sinta patine wong awig | sêmunira lintang karainan | watêke sarèh budine | sabarang tyase lêsu | têngah tuwuh manggih bilai | ruwate gêdhang sanga | kang suluh satundhun | sakèhe arês-arêsan | saliyane dagingan lan wohing dami | pêndhêm gumantung simpar ||

152. Sêlawate pan salikur picis | wuku Landêp minapringga pêjah | surating raditya lire | atêrang manahipun | amadhangi sasami-sami | bilai karubuhan | ing wrêksa puniku | jalaranipun tan drêman | ruwatipun maja têlungpuluh iji | lawan arès-arèsan ||

153. Sêlawate patang kèthèng nênggih | candraning wuku wukir ringkêlnya | lêsu wana-sata lire | gunung asri kadulu | pinaranan ambêbayani | adigung-adiguna | angèl budinipun | bilai kêna niaya | ruwatipun kalapa satabonèki | pat gluntung lan arèsan ||

154. Sêlawate apan limang picis | wuku Kurantil dhandhang angurag | nuju ewahan sêmune | tan lana budinipun | amêmènèk bilainèki | jalaran kèh cidranya | pangruwatanipun | nanas sakuncunge sapta | lan arèsan tindhih pitung kèthèng nênggih | wuku Tolu candranya ||

--- 8 : 55 ---

155. Pasareyan sakèh wuku nênggih | lêngkawa kukuwung sêmunira | apan kagêdhèn angkuhe | bilaine kasiyung | jalarane ajaga ati | pangruwate sêmangka | wutuhan pipitu | rês-arèsan pinêpêkan | wuku Gumbrêg patining wrêksa anênggih | gêtêr-patêr sêmunya ||

156. Watak wong tinuku abanèki | lumaku ingajèn wicaranya | kabêlabak bilaine | jalarane kumingsun | ruwate bênêman gêmbili | sapuluh lan arèsan | pan sêlawatipun | kawan kèthèng aywa kirang | wugu Warigalit apan jalma mati | tan kêndhat sandhang pangan ||

157. Sêmune kèh sandhang panganèki | bilainira apan kahambat | jalaran murka karone | apan pangruwatipun | nênggih pisang graita kuning | satundhun lan arèsan | apan tindhihipun | patang kèthèng ingkang anyar | wuku Warigagung mina lodan mati | kêtuk§ Prayoginipun / kêlug /. lindhu sêmunya ||

158. Apan abot sêsangganirèki | bilainira apan kabanda | sumangkeyan jalarane | dene pangruwatipun | pan puniku dang-dangan uwi | ingêdang wuwutuhan | arèsan tan kantun | limang kèthèng ingkang anyar | Julungwangi lumpuhing banthèng anênggih | sarwa rum bar-abirnya ||

159. Kèh kang asih kèh ngalamatnèki | bilaine tinêbak ing macan | jalaran lumuh asihe | dene pangruwatipun | apan durèn pitung galinting | lawan arès-arèsan | kucing tindhihipun | Sungsang jaka wuru tiba | mega mêndhung sêmune sêtêngah ati | kawêsèn bilainya ||

160. Jalarane wrêngkêng ruwatnèki | jagung ontong patpuluh arèsan | sapuluh kèthèng tindhinetindhihe. | Galungan lata pruthul | andhap-asor kalulun budi | bilaine tukaran | cêla jalaripun | ruwate jêram gêng papat | lan arèsan sangang kèthèng tindhihnèki | ingkang wuku Kuningan ||

--- 8 : 56 ---

161. Pring anggagar nuju teja nênggih | sêmunira sêlamêt budinya | apan kamuk bilaine | jalaran gêminipun | apan nênggih ruwatirèki | satundhun pisang êmas | lan arèsanipun | salawat nêm picis kênthang | nulya wuku Langkir lare andawani | urip sarya oyodan ||

162. Sêmunira wangkot budinèki | bilaine apan tutukaran | jalaran kadurjanane | dene pangruwatipun | apan bêndha nênêm galintir | nêm kèthèng lan arèsan | kang pêpak sadarum | ingkang wuku Mandhasiya | apan ringkêl mina tinilar ing warih | kayu agung sêmunya ||

163. Dadi pangaubaning sêsami | nora kêna atut lan sêsanak | anadene bilaine | apan kêna ing siyung | jalarane cengkre ing budi | dene pangruwatira | jambu kluthuk satus | kalawan arès-arèsan | sêlawate satak kèthèng datan luwih | wuku Julungpujudnya ||

164. Kathah lara sambang rimbung nênggih | mega jodhog lêngkawa sêmunya | watêke bêrèt (m)bêlêre | bilaine katêluh | jalarane apan gumampil | pangruwatipun pisang | bêcici satundhun | kang sinang lawan arèsan | sêlawate nêm kèthèng wuku anênggih | Pahang kèh manuk Kêna ||

165. Sêmunira pan anuju ati | watêkipun pan panas-atènan | ana dene bilaine | kênnaniayèng§ Prayoginipun / kinaniayèng /. satru | jalarane asalah kardi | dene ruruwatira | jambu klampok satus | pitung kèthèng lan arèsan | nulya wuku Kuruwêlut kapas agring | toya wêning jêmbangan ||

166. Sêmunira wong sêlamêt ati | bilaine kêna ing sanjata | jalaran pintêr budine | ruwatanipun têbu | irêng patang lonjor nêm picis | sawarnining arêsan | wuku Mrakèhipun | ringkêle baron asêmpal | ing liwawar damar agung amêrapit | padhang-atèn elingan ||

167. Kabêlabak bilainirèki | kêpara ngarêp jalaranira | ana-dene pangruwate | apan kêmiri satus | lan arèsan (ng)gih satus picis | ingkang wuku Tambirnya | upas lawan racun | lêsu lupa sariranya | têgêsipun tan sarju budinirèki | blai kenging pasangan ||

--- 8 : 57 ---

168. Jalaran kèdhêp ujarirèki | ana-dene ruruwatanira | pan timun-watang sêlawe | tindhihipun dom satus | lawan pangot waja sarakit | kang wuku Mandhangkungan§ Parayoginipun / Madhangkungan /. | baya ngurag nêngguh | nèn-unèn barung sakatya | sêmunira adêrês sora yèn angling | bilai kasudukan ||

169. Jalarane kudu-kudu nênggih | ruwatane kêlayu satampah | kang pêpak arèsanane | tindhih picis sapuluh | nulya malih wuku gumanti | Maktal macan alupa | apan lesus agung | awor angin pancawora | têgêsipun wantêr angên-angênèki | bilaine atukar ||

170. Kagêdhèn akal jalaranèki | ruwatane manggis tigangdasa | nêm kèthèng lan arèsane | Wuye pasangan manuk | gêtih tinyuh§ Prayoginipun / tinub /. ing ruman nênggih | wor kukusing sundawa§ Prayoginipun / sêndawa /. | ing pasêmonipun | cugêtan-ati punika | jalarane saking pakèwuhirèki | dene pangruwatira ||

171. Apan kacang dhung-dhungan anênggih | ênêm têkêm lan arès-arèsan | ana-dene titindhihe | pitung kèthèng punika | gantya ingkang wuku Manail | apan wiji kêpapas | lawan lintang agung | awor mungsuh sêmunira | tansah jaga-ajaga atinirèki | dene bilainira ||

172. Apan kawêsèn punika nênggih | ingkang dadya jêjalaranira | kadhuwurên panggayuhe | pangruwate kapundhung | satampah lan arèsannèki | sangang kèthèng Prangbakat | kaya wringin iku | sêmpal dening aliwawar | pasêmone wêsi katon purasani | kakon-atèn wataknya ||

173. Bilaine pan mêmènèk nênggih | jalaran tyas ngadi-adi ika | pan rambutan pangruwate | lawan arèsanipun | sêlawate wêsi giligin | wuku Bala pandhita | angluwe punika | sarwa tibèng kala mangsa§ Prayoginipun / sela mangsa /. | asring karya gora-godha watêknèki | katêluh kênèng upas ||

--- 8 : 58 ---

174. Jalar kagêdhèn nêpsu tan bêcik | pangruwatipun kara satampah | lan arèsan pitung kèthèng | nulya kang wuku Wugu | pan kêluyu kêrahan nênggih | patine padha rowang | akasa wang-uwung | sêmu jêmbar budinira | bilaine kacuwik jalaranèki | pan saking lêngusira ||

175. Pangruwatipun kimpul satambir | lan arèsan sadasa kèthèngnya | dene kang wuku Wayange | ringkêl pasêmonipun | patining andaka wanadri | praptanggapatipratanggapati. ika | mega kang lumaku | watak jêmbar budinira | bilaine pan kêna cidra puniki | mênga daulatira ||

176. Pangruwatipun pêlêm satambir | ingkang manis-manis lan arèsan | sêlawate wolung kèthèng | ingkang wuku Kulawu | apan inggih rabiya malih | wèt dening wêwayuhan | pêksi dewata gung | kumpuling bun tibèng sêndhang | apan srêpan ing rêmbug kumpuling bêcik | blai kênèng wisaya ||

177. Jalaranipun sring arêpanèki |Lebih satu suku kata: Jalaranipun sring arêpnèki. ruwate waluh loro ingêdang | jro ginulan myang rosane | pat kèthèng tindhihipun | wuku Dhukut ringkêl candraning | apan kitri tinata | ingkang sukêt unggul | asri larangan dipatya | pasêmone akamot bêbudènèki | blai kuthah ludira ||

178. Anèng rana têngahing ajurit | jalarane cukêng puguhira | ruwat ing pare-wêlute | wuwutuhan kinulup | satampir lan arèsanèki | nêm kèthèng tindhihira | wuku Watugunung | patining wrêksa narendra | apagêra jaga gêrah uripnèki | blai kêna niaya ||

179. Jalarane kawigaran budi | pangruwate apan pisang raja | satundhun kang suluh jêne | kêlawan pisang gabu | sêtundhun lan mundhu kang kuning | miwah arès-arèsan | kang pêpak sadarum | pêndhêm gumantung kasimpar | sêlawate picis kênthang satak sawi | ruwate citrakanya ||cintrakanya.

180. Sampun jangkêp wuku tigangdèsi | Jamal Jamil gawok dènaya mulat |Lebih satu suku kata: Jamal Jamil gawok dènnya mulat. mring Ki Wêwasi pahame | têrang pawukonipun | Jamal nambung sabda mring wasi | kula kalangkung eram | paham (n)dika wuku | nging kêdhik taksih sumêlang | babing Taliwangke etang(n)dika sisip | Wrigapak (n)dika lêpat ||

--- 8 : 59 ---

181. Kula miyarsa Kyai Sêbagi | ing Wanamarta ragi pujangga | alim arêsik etange | sami sêdayanipun | Taliwangke ing Warigamis | pan wus pinalanggêran | Taliwangke-nipun | pan ana ing dina Uwas | wasing Wrigalit nèng Rêspati Pon nênggih | Kruwêlut Kliwon Tumpak ||

182. Pan mêkatên wuruke kiyai | Sêbagi mring kula wus mupakat | pra majusi ujum kabèh | kang sami muthi wuku | sampun limrah yèn Warigamis | Ki Wasi Wrêgasana | sêmu rada milu | mring kawruhe Jamil Jamal | Ki Wawasi Wrêgasana sêmu ering | mring kang ahlul tirakat ||

183. Sèh Mongraga angandika aris | kae wasi ngong tanya ing (n)dika | mungguh palêpasaning rèh | kang muhung mring Maha Gung | wasisthaning pratisthèng wèsthi | asthagina ginagap | panganggêping kalbu | budi wadining wong Buda | kabudayan kang patitis ing panitis | tusthaning kawaskithan ||

184. Kang kinantha-kantha ing ngaurip | ayun sumurup ing kêdadeyan | jarwa-a kajatènane | ginêng-ginênging gunung | dunungêna panuksmèng jati | Ki Wasi Wrêgasana | tyasira katuju | ing sêmu pagut kêrasa | mêdhar jarwa Ki Ajar ing Pringgadani | mijilkên sabda-tama ||