Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

428. Mijil

1. Datan wangwang dènnira ajarwi | tatasing wiraos | Wasi Wrêgasana lon dêlinge | yèn paduka tanya ngudi-udi | pakêming maharsi | kang sampun linuhung ||

2. Kang winulang jatining aguling | anggêgêr-grit totor | kang ginusthi anggusthi papasthèn | kamulyane ing dalêm sawiji | nèng sajroning pati | patitising laku ||

3. Kang tinalip§ Prayoginipun / tan nilib /. ngariloka benjing | wor jawata manggon | tunggal laku tunggal panuksmane | tunggal paribawa lan dewa di | kang kadya cakraning | gilingan lumintu ||

--- 8 : 60 ---

4. Ing dêlahan ing marcapadèki | pamilihing ênggon | ing bantala ngakasa tan pae | ingkang botên inang panuksmaning | Hyang Soman manjanmi | manising mring ratu ||

5. Mila ratu punika linuwih | punjul sakèhing wong | sêbab jiwa jawata wèntèhe | jawata pan atmaning maharsi | wiwinih barêsih | sukêre wus tunu ||

6. Suksmaning rêsi dadya badaning | ratu kang kinaot | suksmaning ratu Hyang Soman mêne | Narayana ya Hyang Wisnumurti | Janardhana nitis | suksma pulung luhung ||

7. Maring ratu dadya nugrahaning | jawata winongwong | Hyang Manon mring ratu panjanmane | ratu ingkang wus badan suksmarsi | langgêng salamining | saturut kadyèku ||

8. Wus lir satu lan rimbaganèki | rêsik lan Hyang Manon | tan lyan marang ratu panuksmane | mila maharsi agêntur tapi | mumuja sêmadi | benjang muksanipun ||

9. Supaya tan milih ing panitis | têtêse mring sang katong |§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / têtêse mring katong /. adhingini dwija panusupe | jawata di nitik ing maharsi | maharsi anitik | panuksmaning ratu ||

10. yèn rêsi tan wagêd nèng narpati | luput ing panggayoh | Hyang Manon tan arsa nukma dhewe | yèn tan lambaran lawan maharsi | kalihe tan dadi | nuksmane mring ratu ||

11. Marma gêntur ing samadi êning | pan tan kenging bengkong | ing panêkung jinungkung pujane | datan bunar angênêr narpati | ing pati patitis | panitising ratu ||

12. Dadya tan kêna ingaran mati | kewala ngalih (ng)gon | mila aran kadhaton samine | lawan wana wilisan kang wingit | tan kenging ginampil | janma mring kadhatun ||

13. Liya kang wus winênang narpati | ngambah ing kadhaton | sami lan ngambah wana wukire | karatone maharsi ing wukir | wukir sup anitis | kadhatoning ratu ||

14. Dening panitis isining wukir | angkêre kemawon | ingkang nuksma mring kadhaton rajèng | saisining nagri sining wukir | tan ana anilip | sadaya mariku ||

--- 8 : 61 ---

15. Kerut maring panuksmaning rêsi | tan têlangke mawor | manon-manon ing lêbak pundhunge | masup dadya kagungan narpati | nyawaning maharsi | dadya badan ratu ||

16. Pan punika gêgathekanèki§ Prayoginipun / gêgathêkkanèki /. | kang pra gêntur totor | tan pepekapêpeka. tan nimpang pahume | Sèh Mongraga mèsêm ngandika ris | yèn mêngkono ugi | kawruhe wong gunung ||

17. Luwih dening rêkasa binudi | wêkasane dhompo | tan maoni sun saking kèh-kèhe | kawulaning Hyang kang Maha Suci | asnapun mawarni | titahing Hyang Agung ||

18. Nora kaya agama (n)Jêng Nabi | dutaning Hyang Manon | nucèkake rahmating kapatèn | Nabi Muhammad Rasulullahi | tan mawi mimilih | wus pêpancèn sinung ||

19. Ing ganjaran nut ahli tinaksir | kang ènthèng kang abot | datan kêna selak nampik milèh | ingkang kêdhik kathah anèng adil | kang akèh dosèki | agêng siksanipun ||

20. Ingkang bêcik gaganjaranèki | anèng swarga manggon | tanpa kira-kira tanpa tondhe | nugrahaning pitung donya iki | maksih luwih ngakir | kang sinung swarga gung ||

21. Nikmat bae langgêng ing kamuktin | tan kêcangkol-cangkol | tan rêkasa salawas-lawase | luput sukur luput ing sak-sêrik | barang kang kaèksi | tan ana kang saru ||

22. Kang kapyarsa aririh dumêling | tan (m)blêbêgi(m)brêbêgi. rungon | kang binukti tan ana paite | kang ginanda tan ana mis-bacin | kèh rasa tan risi | tan kêpalang kayun ||

23. Warêg bae salaminirèki | nir tan walang-atos | yèn wus luhung amal jariyahe | kaote lan wong ahli ing ardi | manggilingan nitis | susah nusup-nusup ||

24. Yèn mungguha ngèlmu sarak Nabi | ambêg kang mangkono | luwih saking sasar pangidhêpe | owêl tapanira ingkang uwis | mungguha kaywaking | mung kari anunu ||

25. Iba-iba wruha Pangeran ing | -kang amurbeng tuwoh | baya-baya luwih utamane | kawruhira iku Ki Wawasi | lamun sisip sêmbir | mati kaping pitu ||

--- 8 : 62 ---

26. Krana ngèlmu ajar sun kawruhi | kamuksan praptèng don | kaya nora kalêmpit ngong rêke | ingkang dadi ugêring kadadin | duk lagi angikis | ing panggênturipun ||

27. Cabar tiwas bênêr lawan sisip | anèng gêntur kono | nora kêna bêngkung salilahe | jroning gêntur amusthi sawiji | lir ulêr upami | lagya ambubuntu ||

28. Ungkêrira pinipit apipit | angin tan marojol | saking sangêt si ulêr sêdyane | bosên dadi ulêr ambêg pati | kêpati kêpengin | salin dadya kupu ||

29. Pan anyuthêl pangan nyuthêl budi | anyuthêl lêlakon | dadya mungkêr saulêr nalare | nora mingsêr ngêningkên sakalir | lagya madya sasi | gatra dadi ênthung ||

30. Prapta ing satêngah sasi malih | pêndhak tanggal dados | ulêr mijil saking pangênthunge | pêpak busana sungut larnèki | ambabar wus dadi | kukupu abagus ||

31. Yèn tan rapêt pamêpêtirèki | ungkêre sumrowong | tanpa dadi ulêr pangênthunge | sabab masih kapanjingan angin | têmah kanin posit | nora dadi kupu ||

32. Kadya mangkono uga rêsyardi | tan beda lan gêndhon | yèn ta luput iku panggênture | yèn tan sura lêgawa ing pati | angukangur. ulêr bêcik | bisa dadi kupu ||

33. Lamun ijih ajar ajijirih | nora wani obong | ajar nora manjing ajur-ajèr | tan mituhu ujaring kajatin | jatining panitis | têtêsing panggayuh ||

34. Ingkang lumrah pra ajar ing ardi | dènnya samya obong | sauwise padhêm pangobonge | amêmêkas duk masihe urip | yèn benjing sun mati | tununên ragèngsun ||

35. Sapatine gêni awunèki | titikên ing kono | yèn awu iku ana tapake | tapak bayi arêpe mring êndi | yèku pêsthi mami | manitis ing ratu ||

36. Lamun tapak janma iku mami | pan panitisingong | maring patih mantri bêr-abêre | dene lamun liya tapak janmi | tanpa sato pêksi | tununên dèn-gupuh ||

37. Lamun maksih ya tununên malih | ping pitu angobong | yèn tan ilang ya uwis pêsthine | ulatana yèn sira sêdyapti | nut tapak kang

--- 8 : 63 ---

kèksi | tandha manuksmêngsun ||

38. Ya mangkono punapi tan sisip | kang kadya lingingong | Ki Wêwasi Wrêgasana sumèh | matur inggih sêstu ya kadyèki | sarya (ng)ling jro galih | ah èdi wong iku ||

39. Surup tata sabasaning ardi | anjantu lêlakon | sasuwene ujar tan acèwèng | Wrêgasana ewah dènnya linggih | marêpêk sêmu jrih | pagut tanpandulu ||

40. Nundha atur mring Sèh Amongragi | kang mugi sang anom | kula nyuwun lajêngipun malèh | supaya trang tyas kawula myarsi | Sèh Mongraga angling | ujar kang puniku ||

41. Pratingkahe kang samya ambêsmi | kaliru le obong | tuna dungkap jênggan panitise | nora antuk pangupaya yêkti | karahayon yêkti | tuwas dadi awu ||

42. Atma sasar wiwinih anisir | sire tiba asor | sabab luput saking paobonge | atma dadi wuta nora titis | tapak molah-malih | tan kêna binêstu ||

43. Pratandhane tan bênêr kaèksi | yêktine kablaso | kêkandhane iku yèn tiwase | nandhang mati kaping pitu pasthi | rêkasaning pati | têmah bliwar-bliwur ||

44. Yèn wis mati kaping pitu nuli | nitis maring uwong | wong ing gunung dadya tapa manèh | anggêgêntur pratingkahing nguni | dene kang sun-angling | pati kae mau ||

45. Rupaning pati ping pitu iki | dadi kewan sato | paksi nuli dadi sadhengahe | lalêr ulêr myang rês-rêsing bumi | salin rupa yèn wis | jangkêp kaping pitu ||

46. Yèku cakraning gilingan pati | pati kang mangkono | kangsi praptèng salawas-lawase | lamun tan kabênêran ing pati | mubêng bola-bali | kadya iku mau ||

47. Ana ingkang manggilingan bêcik | manggilingan awon | nora kêna binêstu bêcike | krana saking abote cinangking | wêgah anglakoni | ras-arasên nyangkul ||

48. Wus mangkono prabawaning bêcik | sru suguhe linyok | kaya iya-iya-a niyate | nuli mangkene bae ya uwis | arang kang nuhoni | mila sasar-susur ||

--- 8 : 64 ---

49. Beda lan kang maharsi linuwih | tan ana pakewoh | ambêg sura lêgawèng patine | pangugêre anggêntur pangèksi | waskitha ring pati | tan inang sêrambut ||

50. Yèn wus munthuk ing dina sawiji | tahên gya tinotor | pinauman gêtnhagêntha. kakêlènge | puthut manguyu gocara cantrik | endhang angèndhangi | rabuk ratus arum ||

51. Wus rinukti sakèh cantrik-cantrik | piranti kaobong | sarta samya angastuti kabèh | samya santi thiri-thiriguthi | hong ilahèng ahing | hêm-hêm paum-paum ||

52. Sêdhêng andadi urubing gêni | akatarakantar. tang totor | nir tang kukus urube anungge | sang maharsi nulya marêpêki | mring agni sêmadi | ngêningkên pandulu ||

53. Tan antara ana kang kaèksi | nèng sajrone totor | janma cahya awor lan urube | kawistara narpati mandhiri | nèng sajroning gêni | sakaprabonipun ||

54. Kaèksi wantah lir prabu tinangkil |Lebih satu suku kata: kèksi wantah lir prabu tinangkil. maharsi duk anon | ingkang dadya dêlinge ciptane | tan têlangke umaksanèng agni | murub anguladi | angganya maha-pyu ||

55. Yèku (ng)gwaning panukmanira ring | ratu kang kinnot |Kurang satu suku kata: ratu kang kinaot. wus pancaka tan ana labête | nora nganggo tapak kang tinitik | sanalika wus nir | sampurna ing riku ||

56. Nora kumalêndhang wus anunggil | panuksmaning katong | dadya nora samar panitise | maring ratu kang minulyèng bumi | manikingrat yêkti | panjênêngan ratu ||

57. Kang mangkono maharsi sêjati | wasis wruh tumuwoh | Wasi Wrêgasana nalikane | myarsa sabdaning Sèh Amongragi | gigal tyasirèki | kaluhuran wuwus ||

58. Ngunandika jroning tyas Ki Wasi | sayêkti kinnot |Kurang satu suku kata: sayêkti kinaot. kaya trahing maharsi kang gêdhe | tatas maring sabdanira nênggih | sun durung miyarsi | kawruh kang linuhung ||

59. Sira Wasi Wrêgasana aglis | linggih amalorot | tunggil lungguh lan Jamal Jamil-e | saha sêmbah atur patiurip | panggusthining kapti | mrih Sèh Amongluhung ||

--- 8 : 65 ---

60. Aturira sarwi ngasih-asih | dhuh geyonganingong | mulyakêna jiwamba ing mangke | sumanggèng karsa tuwan asung sih | ing wong kawlasasih | tumutur sakayun ||

61. Kawula nut rèh paduka yêkti | sumarah kemawon | anêtêpna amêcata dene | pan kawula darmi anglampahi | ingkang mugi-mugi | angsunga pituduh ||

62. Sèh Mongraga mêsêmmèsêm. lingira ris | mring Ki Wasi alon | yèn mangkono karêpira kuwe | asalina ing agama suci | sarengating Nabi | duta kang linuhung ||

63. Anêbuta ya kalimah kalih | Ki Wasi wus sagoh | gya winuruk agama Islame | wus mangkana Islam Ki Wawasi | Sèh Mongraga angling | ngaliha aranmu ||

64. Sun-arani sira Wrêgajati | wus pantês mangkono | Wrêgasana sandika ature | pan sêkenjing dènnira papanggih | kangsi Asar ngakir | Sèh Mongraga wêktu ||

65. Wrêgajati umantuk sung warti | mring nak rakyat kang wong | pan wus samya mangêrti tuture | sigra kinèn angrukti sêsaji | arèsan mawarni | palaboga agung ||

66. Kalih jodhang dènnira miranti | rencange anggotong | praptèng sela Prabakesa (ng)gonne | Sèh Mongraga ingaturan bukti | namung angenaki | sarat kusung-kusung ||

67. Suruping surya asalat Mahrib | Jamal Jamil wong ro | amuruki salat pratingkahe | maring Wrêgajati wus ginati | pan manut ing ngarsi | enggak-enggok lumbu ||

68. Kunêng dalu kawarna-a enjing | bakda wêktu Suboh | Sèh Mongraga alon ngandikane | wus kariya sira Wrêgajati | sun arsa lunga nis | anutukkên kayun ||

69. Wrêgajati aturira aris | nuwun yêkti lumoh | datan nêdya kantun saparanne | amba sampun dhumatêng kang sakit | nadyan praptèng pati | kawula tumutur ||

70. Sèh Mongraga suka myarsa turing | Wrêgajati sagoh | têka tilar marang sasanane | adan mangkat saking Pringgadani | ingiring santri tri | amirangrong laku ||

--- 8 : 66 ---

429. Wirangrong

1. Mahawan sandhaping wukir | andulur nurut lalêmpong | munggah pèrèng jurang ing rurungkud | anêtêr ing bangbang | Wrêgajati nèng ngarsa | atuduh marga têrusan ||

2. Prapta ing balumbang margi | mudhun mangilèn mring Poncot | marganya abanar kèh kadulu | ing pagagan asri | janma ing pagunungan | mêruput magawe samya ||

3. Mabang Hyang Aruna mijil | mingip saparo mancorot | ngênani kanangrat nir tang têdhuh | kaujwalèng rawi | kakaywan kaididan | ing angin sadaya mobah ||

4. Kèngêl kadya angindhani | tiyunging pang kêtêling ron | lir enggar gêmbira kayu-kayu | kang katubing angin | surya pênthèr wèh raras | janma kèh samya kunduran ||

5. Mêluku pangirit sapi | myang kang tugar amêmencong | kang babad trataban glagah rayung | binubak pinurih | dadya pangupajiwa | amanja têgal pagagan ||

6. Kang lagya angluru wiji | juwawut myang lombok terong | pan aneka-neka boga jagung | tiningalan asri | bêrambang ing ingalêran | sapandêlêng bêbanjêngan ||

7. Ingarug pinggir arêsik | risig pinagêran waloh | kinalèn tusan§ Prayoginipun / tungtasan /. buncang ranu | kinirih mring têmbing | sumrambah ing pakisan | rêna kang duwe brambangan ||

8. Amarik muyêk awilis | pinalisir jagung ontong | sangkêp jêjanganan kacang wulung | kara lan kêcipir | linanjaran ing carang (m)biyêt ngêmohi wohira ||

9. Kang duwe bungah ngundhuhi | bocah lan wong lanang wadon | ramya samya (m)bêkta cêthing wakul | tumbu sênik rinjing | ngundhuh-undhuh kumrayap | asuka ngrêmbang têgalan ||

10. Akathah kang dèntingali | palêstrèn pèrèng sri tinon | lêstari lumampah nèng marga gung | kèh pagaganèki | kang samya pêpasaran | andulur iring-iringan ||

--- 8 : 67 ---

11. Yata Ki Sèh Amongragi | asêngsêm lampahira lon | kathah kang kapyarsa kang kadulu | langêning samargi | myang têgal pasawahan | pêpèrèng ing ngare desa ||

12. Swarane ngabani sapi | kang maluku anggêgaron | kang tamping tulakan amamacul | tan ana mangsèki | tandur malêcut mapak | sawênèh lagya gumundha ||

13. Kang mrêkatak mêmping kuning | miwah kang wus panèn kang wong | kang lagya têba lan wênèh mupuk | myang wus lêbar dami | tan wus dèn ucapêna | langgêng mahawan mawarna ||

14. Kêpungkur pèrènging wukir | wus langkung ing pasar Pancot | nabrang kali Sara laju ngidul | -ngilèn anut margi | sukuning ardi Kandha | mrih marga cêlak padesan ||

15. Tan kêrsa sup ing wanadri | mahwan têgalan kemawon | kang wukir alitan ardi Bangun | nèng riku Mongragi | kakênthung§ Prayoginipun / kakênthang /. pucak ngarga | tan ana kêkayonira ||

16. Antara satêngah sasi | dènnira nimpar nèng kono | pucaking arga de santrinipun | tan tumut nèng nginggil | nèng dhusun ing Lêmahbang | ngobalakên ngèlmi joprat ||§ Prayoginipun / ngubalakên ngèlmi ojrat /.

17. Supaya ngupaya bukti | ngiras muruk Wrêgajatos | sarak gama Islam pan wus pundhuh | bisa-a nglakoni | sasurasèng sarengat | mêngkana wong desa-desa ||

18. Kathah ingkang sami prapti | samya (ng)guguru marono | kèh mumulènira kêndhuri gung | angrasakkên sami | sêkul wuduk lêmbaran | myang woh-wrohanwoh-wohan. kang prayoga ||

19. Gêdhang rambutan lan manggis | pêlêm kuwèni lan sawo | kokosan srikaya myang kêpundhung | tan towang bên ari | siyang dalu sêdhêkah | wibawa Ki Jamil Jamal ||

20. Kathah kang samya angaji | ojrat lanang miwah wadon | kang samya winulang elminipun | pan kalimah kalih | masalah sala silah | ojrat samya linakonan ||

--- 8 : 68 ---

21. Sêlawatan dèn-empraki | lan têrbang gong alit loro | kalangkung ramya wong kang (n)dudulu | akathah kang prapti | sarta janma uninga | mring Ki Wasi Wrêgasana ||

22. Mangke ngalih Wrêgajati | sangsaya kèh suyud kang wong | samya masuk ojrat yata wau | sira Jamal Jamil | mamèrkên pangeraman | gêgabus antêp-antêpan ||

23. Mangunah ingkang ripangi | wong desa katêmbèn tumon | raryalit wong tuwa anggêgabus | sanadyan pawèstri | samyèmprak têp-antêpan | kang pasah ana wêntala ||

24. Kang mati bisa rip malih | kang wêntala tan kêraos | kèh patinggi desa samya kerut | umasuk birai | asèlèh kabêkêlan | milalu ojrat mul-mulan ||

25. Jamal Jamil Wrêgajati | lir kakaul mumah-mumoh | wus kasêbut kathah kyai guru | sira Jamal Jamil | minule mring pra sabat | samya mumucung punjungan ||

430. PocungTeks asli: Pucung.

1. Sakêlangkung dènnira mukti wong têlu | ing dalêm sapasar | kabèh kang masuk birai | lamun siyang winulang ing sala silah ||

2. Lamun dalu lêlagon ripanginipun | samya sisingiran | sêlawatan dèn-empraki | jalu èstri wor-winor tan winangênan ||

3. Sabatipun wus ngêrti yèn kyai guru | agadhah bêndara | awasta Sèh Amongragi | anèng pucak ardi Bangun tirakatnya ||

4. Kyai guru pan iku sakabatipun | mring Sèh Amongraga | kang guru samya ngêntèni | pan sinambi mumulang anèng Lêmahbang ||

5. Saya wuwuh pra sabat ing sungkêmipun | maring Jamil Jamal | samya tumut nganti-anti | mandah apa saktinya bêndaranira ||

6. Yata wau kang anèng ing arga Bangun | Ki Sèh Amongraga | wus sapta ri sapta ratri | dènnya jamak krasan tan batal wulunya ||

7. dènnya nêkung sumungku ing siyang dalu | angungkih wêkasan | mulyane sajroning pati | jalarane manjanma jaman walikan ||

--- 8 : 69 ---

8. Wali kutup kang katiban wahyu luhung | linuriyèng driya | mêngkana Sèh Amongragi | sanalika wontên sasmitaning Suksma ||

9. Pan andulu tunjung pêsat saking ranu | tumuwuh ing tawang | têrate sinurêng-pati | uripira kang tunjung tanpa têlaga ||

10. Bakda Subuh sajroning bengat tapakur | poting kaênêngan | mêdhar panguswaning galih | nora gêlah-gêlah sêmoning sasmita ||

11. Kêrsanipun tumurun saking ing gunung | lon-lonan dènnira | tikungan lampahira ris | pan amiyak gêlagah ruyung kewala ||

12. Ardi Bangun alit numpêng patutipun | andêdêr dêgira | tinênggêl lampah kang kenging | munggah mudhun ing lampah kêdah luk-lukan ||

13. dènnya mudhun praptèng ngandhap ardi Bangun | Ki Sèh Amongraga | raryan soring kayu wungli | wrêksa gêng kang wetan wrêksa kalampeyan ||

14. Tan adangu wontên wong sawiji mriku | ningali sujanma | nèng sak-(n)dhaping kayu wungli | wus dinuga ing tyas yèn Sèh Amongraga ||

15. Sêmunipun kêmayon sarira lêsu | gya wangsul cêngkelak | gupuh prentah rabinèki | kinèn angêliwêt sakêdhik rikatan ||

16. Karo rabuk uyah gorèng bae uwus | lan dhèndhèng bakaran | loro gêpukan kang garing | nulya nuding ing bocah mènèk dawêgan ||

17. Tan adangu dènnira angrukti sampun | binakta priyangga | nèng panjang-ilang tup saji | sêkul anèng piring alit sinucènan ||

18. Mundhuk-mundhuk prapta sila anèng ngayun | umatur punika | kawula nyaosi kêdhik | dhahar sêkul tanpa ulam sumapala ||

19. Nulya gupuh binuka tup sajinipun | kang lagya kalêswan | dènnira ngandika aris | iya bangêt tarimèng-ngong marang sira ||

20. Dene parlu sih rika akusung-kusung | suguh ring manira | ing êndi wismanirèki | lan maninge iya sapa arannira ||

21. Alon matur kawula inggih ing riku | dhusun ing Lêmahbang | santri kasêntanan nagri | milêt marang ing Pangeran Jayaraga ||

--- 8 : 70 ---

22. Apan macung piyambak kagunganipun | dèntèn ran kawula | winastan pun Sutagati | awon-awon pêtinggi dhusun Lêmahbang ||

23. Lingira rum iya paman bage sukur | sih-rika maring wang | muga winalêsing wingking | tiningalan cangkingan sugatanira ||

24. Kêndhi sêkul ulam dawêgan nèng ngriku | lan pisang salirang | suluh têlung ulêr kuning | Sèh Mongraga ragi dhangan karsanira ||

25. Sêkulipun angêt lawan dhèndhèng gêpuk | rabuk yah gorèngan | pikantuk dènnira bukti | namung rabuk sarêm gorèng kang dhinahar ||

26. Tan adangu bukti sangang puluk tuwuk | aturuh lantingan | nginum toyanya sakêdhik | pisang raja satugêl ulêr tan têlas ||

27. Kaduk tuwuk atobe kaping sapuluh | alon angandika | paman pa wruh santri mami | wong têtêlu Wrêgajati Jamil Jamal ||

28. Alon matur inggih uninga nèng dhusun | -kula ing Lêmahbang | sawêg amumulang ngèlmi | amba nyabat ing ki guru Jamil Jamal ||

29. Anak putu akathah ingkang (ng)guguru | ojrat sala-silah | inggih sampurnaning pati | jalu èstri sêpuh anom sami nyabat ||

30. Mring ki guru Jamal Jamil pan sumuyut | wus dêling pawarta | paduka nèng pucak wukir | samya sangêt ngarsa-arsa jêng paduka ||

31. Yèn panuju ing karsa paduka nênggih | katuran mring wisma | Sèh Mongraga ngandika ris | manira tan arsa nèng kene kewula ||kewala.

32. Mung sirèku muliha bae mring dhusun | Sutagati sigra | anyarik dhadharan aglis | lèngsèr saking ngarsanira Amongraga ||

33. Praptanipun ing wisma nulya umatur | mring guru Ki Jamal | wus katur sadayanèki | Jamil Jamal agambuh lêga tyasira ||

431. Gambuh

1. Alon dènnira muwus | yèn mangkono iku sang linuhung | wus luwaran dènnya sênêt anrang kapti | nèng pucaking ardi Bangun | wus pitung dina samengko ||samêngko.

--- 8 : 71 ---

2. Lah payo padha nusul | apanjatan marang ardi Bangun | gya lumampah Jamal Jamil Wrêgajati | tan adangu praptèng ngayun | Sèh Mongraga mèsèmmèsêm. tumon ||

3. Alon andikanipun | sira lagya pa anèng ing dhusun | Jamal Jamil umatur kawula inggih | amumulang awon nganggur | kang sami rêmên angaos ||

4. Ing birai ojrat dul | ngalap barkah ing paduka nêngguh | jalu èstri kang samya masuk birai | pan sangêt sumuyutipun | Sèh Mongraga lingira lon ||

5. Lah iya sakarêpmu | wong kang padha kajat ngaji ngèlmu | sala silah birai ojrat ripangi | banjurna (ng)gwanmu mumuruk | ing ngèlmu mring sakèhing wong ||

6. Manira arsa wêruh | kumpulêna kabèh pra sabatmu | gêdhe cilik manira arsa udani | Jamal Jamil nuding gupuh | tinimbalan sadaya wong ||

7. Tan dangu prapta gupuh | tuwa anom lanang wadon sampun | pêpak anèng ngarsane Sèh Amongragi | langkung bingah manahipun | Sèh Mangraga ngandika lon ||

8. Hèh Jamil karsaningsun | ingong arsa yasa masjid agung | kang supaya rahaba sakèhing santri | ya kabèh para sabatmu | iku kang wus padha mansoh ||

9. Iya maring ngèlmu dul | ing sala silah ripangi iku | Jamal Jamil parentah sigra nandangi | karya masjid apan sampun | pagêr myang batur binanon ||

10. Tan lami dadosipun | saengga pupujan masjid wau | sing katri-manira Ki Sèh Amongragi | dinarbo lajêng binatur | ing dintên Kêmis pinayon ||

11. Pagêr balumbangipun | ingilènan toya wêning sampun | datan ana labête anyar kinardi | kadya wus dadya sêtahun | Sèh Mongraga nulya manggon ||

12. Malêm Jumungahipun | inganyaran salawatan agung | wus kawarta ngakathah yèn Sèh Mongragi | amumuja masjid agung | ing sami sadintên dados ||

--- 8 : 72 ---

13. Mangkana dalunipun | kathah kang prapta samya andulu | dhusun kiwa têngên urut ing Matesih | mring Lêmahbang dalu-dalu | pêtêng samya (m)bêkta obor ||

14. Ing sontên wancinipun | bakda Ngisa wus samya ngalumpuk | santrinira sadaya kang jalu èstri | nèng masjid sadayanipun | apan kalihatus jodho ||

15. Atarap kalang têpung | ingkang anèng pangimamanipun | Sèh Mongraga kinarya pupundhènèki | apan kang linuhur-luhur | kadya rinatu dening wong ||

16. Langkung jrih sungkêmipun | sadayanya wus samya akêbut | pan Ki Agêng Amongraga ing Sitibrit | dadya panêmbahanipun | ing tanah Matesih kono ||

17. Jamal Jamil amuwus | lah mara wong majua ring ngayun | ambuka-a bengidira ing ripangi | nèng têngah sabojonipun | kang tinuding lanang wadon ||

18. Nulya majêng ing ngayun | nêrbang nèng têngah sila sidhupuk | nulya winèwèhan jimat rajah sami | tinutupkên netranipun | rajah pambukaning raos ||

19. Sigra lêkas sadarum | adhikiran kang lagonnya landhung | sawusira lêlagon dhikirirèki | arêmpêk swaranira sru | gya santak anduduk-wuloh ||

432. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Langkung ing panggêjêgipun rapal tuhu | amêgêng napasirèki | sauni-uninya rusuh | tan sarêng samya sarênti | ak - ak ik - ik uk - uk ok - ok ||

2. Asru-sinru anêlaskên napasipun | têlasing swara kang muni | kari gobag-gabigipun | gya blag-blêg samya gumlinting | tindhih-tumindhih carub wor ||

--- 8 : 73 ---

3. Ujurira tan karuwan undhungipun | pating karingkêl jalwèstri | wong nêm kang binuka wau | samya sru pamuwusnèki | minta ngapura dosèngong ||

4. Sakathahing dosa ingkang uwus-uwus | barang kang wus dèn-lakoni | ngomèl lir mêndêm kêcubung | dènnya bandrèk begal maling | miwah dènnira nyênyolong ||

5. Kêdhik kathah awone pandamêlipun | sawuse têlas dènnya ngling | nulya nangis ting salênggruk | ningali Sèh Amongrogi | munggwing dhampar mutyara byor ||

6. Pan ingayap pra widadari yu-ayu | myang janma nom adi-adi | sarwi ngandika dhêdhawuh | pangapura sadosèki | mring wong kang ambuka raos ||

7. Sarta nuduhakên ing ganjaranipun | swarga mring kang buka dhikir | katon sanalikanipun | mila sru nangis kapengin | tumêka-a swarga kono ||

8. Tan antara santri jalwèstri sadarum | kang samya pana ing dhikir | kang tangi kang maksih kantu | sadaya sampun anglilir | rumasa sampurnèng batos ||

9. Wong nênêm kang tinutupan netranipun | rajah nèng dluwang rong nyari | pan sakilan panjangipun | tinutup prapta ing kuping | sauwusira ing kono ||

10. Ingulapan kang rajah mring Jamal sampun | wong nênêm maksih anangis | katonton ingkang kadulu | anèng sajroning adhikir | Sèh Mongraga ingkang katon ||

11. Wusnya aris dènnya birai asuhul | kyai guru Jamal Jamil | amundhut têrbang pipitu | angklung nênêm kêndhang kalih | tan dangu prapta sumaos ||

12. Wus sinêntak têrbang tinatab gumêmbrung | kêndhang ro wus dèn-kêncêngi | wus katêmu gêdhugipun | adan lêkas Jamal Jamil | narêbang lawan wong wadon ||

13. Wus miranti kang nêrbang ngêndhang lan ngangklung | lima kang nêrbang pawèstri | kapitu lan kyai guru | bawa singir Jamal Jamil | wis maca sêlawat alon ||

--- 8 : 74 ---

14. Adan lêkas swara jalwèstri (m)barung rum | lêlagon landhung mlas-asih | lir kadêmung lan panêrus | nganyut-anyut (n)dudut ati | aris rarase nyalendro ||

15. Singirira ojrat mêrambat ing kayun | ya hu Allah ya Ilahi | ngulatana ngèlmu luhung | pusakaning ing ngaurip | ya hu Allah sauran wong ||

16. Nyai-nyai wong wus tuwa aja tungkul | golèka ngèlmu sêjati | ya hu Allah ya Ilahu | salawase ya Ilahi | anèng donya rewa-rewo ||

17. Kang dêlanggung roro paranning tan wurung | siji marang ing swarga di | siji marang naraka gung | ya hu Allah ya Ilahi | babadên ing ngèlmu raos ||

18. Ngèlmu rasa kang karasa ing sirèku | rasakêna kang hakiki | wong ngaurip ya Ilahu | badan roh-nyawa suksma di | angilo-a ing pasêmon ||

19. Allah Allah ya hu Allah ya Ilahu | gudhe pandhak jannur kuning | pandam têlas urubipun | pupuse sajroning pati | datan ana kang karaos ||

20. Siti lumêng surya kêmbar wadanèku | kali tan kalaban warih | kasatmata ing swarga gung | ya hu Allah ya Ilahi | aramya sauran ing wong ||

21. Panêrbange imbal lêlamban ajêgur | kêndhang ro ambêbanggèni | tampèlan kêmpyang lan gêdhug | angklungnya gojogan ngênthir | anjurudêmung sri tinon ||

433. Jurudêmung

1. Kang nonton uyêl-uyêlan | samya karênan andulu | kapengin mèlu masuk dul | jare ngilangkên duraka | olèh ganjaran swarga-gung | saikine katingalan | sajroning dhikir ing riku ||

2. Mêngkana dènnya samyojrat | nutuk sababakan suwuk | angaring-aring sadarum | nulya ngêdalkên ambêngan | kêndhuri rolas ngêndhukur | miwah wedang pêpanganan | nulya dinongan Majêmuk ||

--- 8 : 75 ---

3. Kyai guru kang andonga | amine ambata-rubuh | sawusnya donga ki guru | parentah mring santrinira | lah mara padha-a kêpung | ambêngan kono Bismilah | ywa etung èstri lan jalu ||

4. Lanang wadon tan prabeda | ya lanang ya wadon iku | aran padha tunggal ngèlmu | kang liningan langkung bungah | anggêpe samya nyadulur | tan ana sumêlanging tyas | nutug royoman akêmbul ||

5. Sawusnya samya anadhah | ambêngan nulya ingêdum | warata sadayanipun | mung kari wedang panganan | jaga nyanyamikan kantun | mung sêkul kang binêrkatan | wus samya wangsul (ng)gènnipun ||

6. Kyai guru Jamil Jamal | lêkas salawatanipun | lagu gêndhing Sêkar-gadhung | berag santrine sadaya | samya angantêp swara sru | arêmpêk gêng alit sora | la ilaha i-lêlahu ||

7. Muhamad Rasullolah | rampak tan ana (m)barênjul | gumêr gora sru gumuruh | wor têrbang pitu gênturan | abarung kêndhang lan angklung | tung ting tung pyêk byang prung prung brang | pêp pêp bah bah bah gur bah gur ||

8. Tung plêk tung plêk dhêng dhung dhung brang | plak blang plak blang klur klu thir thur | nampani singir wong pitu jalu kalih èstri gangsal | kang sami narêbang bêsusu | swarèstri gêtas arênyah | anglik mêrit manis arum ||

9. Lir panêrus binarungan | anggêndèr lawan kadêmung | pating salênthuk angguguk | ngapipir tangane kiprah | kang emprak nêm somah maju | liru rakit bojonira | pan samya anyêpêng sumbu ||

10. Arame dènira emprak | sajodho sumbu-sinumbu | sajodho têb-têban watu | sajodho agêgabusan | sajodho pênthung-pinênthung | sajodho urêk kris pêdhang | sajodho awake murub ||

11. Sakathahe kang tumingal | suka gêgêtun agumun | kagawokaning pandulu | sajêge tan wruh tontonan | kang èdi-èdi kadyèku | eram sakèh kang umiyat | sadaya samya kayungyun ||

12. Wus dangu antaranira | nulya salin sajakipun | sêsêg têrbang kêndhang angklung | myang kang emprak salin sajak | carub wor dènnira (m)barung | tan etang kancahanira | arusuh mungsuh minungsuh ||

--- 8 : 76 ---

13. Kang ningali giris mulat | tan mantra yèn karya guyu | wus lir prang sayêktinipun | sura sru samya bramantya | sawiji èstri sinuduk | jaja trus marang walikat | niba blêg rahnya sumêmbur ||

14. Siji wong lanang pinêdhang | mring èstri gulunya rampung | tugêl bêt pisah lan gêmbung | kêpalane galundhungan | gêladrahan gêmbungipun | sasomah kang kêkêprukan | ing lilinggis wêsi sampyuh ||

15. Kumêpruk polone muncrat | rênyêk babathuke sumyur | jur mumur gêtih sumêmbur | sasomah bakar-binakar | gosong awake sakujur | ambune sangit kêliwat | kumronyos umob akumyus ||

16. Wong myat kèh kalêngêr niba | kami-rurusên andulu | wênèh kang nangis gumrumung | myang kang mambu sanakira | ana kang ambêngok asru | e e e e Allah Allah | biyang biyang priye iki ||

17. Wênèh lumayu umpêtan | tan tahan ningali marus | samya jrih gila andulu | tyase samya têrataban | tan duwe ati salugud | sadaya ulate biyas | samya micarèng jro kalbu ||

18. Sabêne nora kadyèku | kangsi samya têkèng lampus | dahad padha têguh timbul | tan ana braja tumama | ih nora dhêngêr satêngu | têka mangkono akalnya | tan ana bisa cêlathu ||

19. Kami-tênggêngên sadaya | dalah têrbang kêndhang angklung | suwuk cêp nora tinabuh | tan ana walang sisikan | mêngkana kiyai guru | nuduh pawèstri sajuga | kinèn ngidêri atêpung ||

20. Sarta singir nabuh têrbang | lan wong lanang siji tumut | nèng pungkur anabuh angklung | kang liningan sigra mentar | angêlik swara mrik arum | têrbang nibani irama | angklung lamba ngêthur-êthur ||

21. Mêngkana sisingirira | ana tangis layung-layung | tangise wong wêdi lampus | ya hu Allah gêdhongana | kuncènana dèn-akukuh | ing pati mangsa wurunga | santri kèh nauri barung ||

22. Landhung rêmpêg swaranya | hu Allah ya hu Allahu | gya singir anganyut-anyut | ya Nabi salawatulah | ing sakate ya Illahu | karamate Waliolah | jalma luwih mêrga ayu ||

--- 8 : 77 ---

23. Ayu-ayu ya hu Allah | mangkana sisingiripun | ngubêngi kang samya lampus | têpung gêlang kaping tiga | anulya kiyai guru | amundhut padupanira | kang mênyan ingobor murub ||

24. Urube akantar-kantar | sangsaya gêng urubipun | gumrêbêg sundhul masjid gung | nunu bangke ing kalangan | swaranya pating jarêblug | angimpun urubing brama | pan wus antaranya dangu ||

25. Bêbangke mulya sêdaya | lalu sirêp urubipun | kang emprak pulih lir wau | malah wuwuh rupanira | barêsih lir mêntas adus | gya têrbang brung brung barungan | sauranira gumuruh ||

26. Kang nonton abungah-bungah | alatah-latah gumuyu | ya talah ih sukur-sukur | pênyanaku banjur modar | nyata èdi kyai iku | bisa gawe salah endah | mandah (n)jêng ki agêngipun ||

27. Ing saktine baya ana | pitung guru wolung guru | gumêdêr nauri atur | e lah mêsthi ta karuwan | yèn ngluwihi kyai guru | sumaur hêng êh karuwan | wong sabate mono iku ||

28. Yata wau wayahira | wus lingsir mèh tabuh têlu | samya bubaran sadarum | kang nonton mulih sowangan | salong lajêng nginêp kantun | ingkang mêntas sêlawatan | laju dhikiran sêdalu ||

29. Kang mulih ya dhidhikiran | ting karo-lah ting karê-hu | kang mangalor wismanipun | kang ngulon mangidul ngetan | dhikiran turut dêlanggung | kongsi praptèng wismanira | mênêng tan dhikir yèn turu ||

30. Pan mangkana lumrahira | adhikir ing siyang dalu | sanadyan (ng)garu maluku | yèn§ Prayoginipun / ya /. tan pêgat dhidhikiran | mangkana salaminipun | wong kathah dènnya dhikiran | samya wirangrongan ngèlmu ||

434. Wirangrong

1. Yata Kyagêng Sèh Mongraga | anèng pangimanan manggon | pan kinarobongan alus | rinangkêp gubah brit | jênêg nèng pangimanan | sinaji dhahar dhaharan ||

--- 8 : 78 ---

2. Sabên wayahe abukti | awis dhinahar tan kalong | lêt rong dina kadhang sêkulipun | kalong sa-kêmiri | tan rêmpid rampadannya | ulam dhadharan mung pisang ||

3. Satugêl ulêr binukti | tilas lir sisaning codhot | tan arsa umêdal lamun ayun | ngandika mring santri | kewala nèng krobongan | matur sawijining gubah ||

4. Ing nalikanira enjing | Jamal Jamil ingayap wong | anèng plataran sandhapipun | ingkang kayu wungli | Jamal Jamil paprentah | mring sakèhing santrinira ||

5. Pan samya dipun aranni | Jatiraga sawênèh wong | Ragajati miwah Jatiwuyung | wênèh Darmajati | Têlêngjati kalawan | Ragasuksma Suksmaraga ||

6. Langgêngjati Tuturjati | Mintajati Jatilewo | Ragalewo lawan Jatitupu | miwah Dulêngjati | kang kinarya lulurah | dinum sarèh-rèhanira ||

7. Sabat kawanatus nênggih | pinara sangalas rêko | lurah lèrèhannya anyèlikur | langkung wong sawiji | koyuping lurah ngarsa | sadaya nuwun sandika ||

8. Kang winênangakên sami | ambuka ing dhikir raos | amulang ing sabat ngayut-ayut | mrih masuk birai | mangka ki guru Jamal | Jamil Wrêgajati samya ||

9. yèn dalu ojrat ripangi | yèn rina akarya gawok | pangeraman sulap sarat masrut | singluning pangèksi | amêdhar ngèlmu karang | kabuyutan kang kinarya ||

10. Wong tani bêntil (m)bêtitil(m)bêthithil. | ing rêpit rikoh tan wêroh | mung macul kewala (ng)garu-mluku | kapintêranèki | ing ngèlmu tan kabuka | manut margèng kagawokan ||

11. Wau ta ki guru kalih | akarsa karya guguyon | anuding bocah ro samya gundhul | umur limang warsi | thèsèl pancèn kêpalang | ingundang praptèng ing ngarsa ||

12. Mathêkêl awake kusi | ran si Thêngul lan Sêntolo | kang rare kalihnya rada mrusul | kinèn mangan sami | kang sêga ramês pindhang | ngathêkul rare ro mangan ||

--- 8 : 79 ---

13. Binênturan blag-blêg kêni | bathuk rai wêtêng bokong | tan obah tan (n)jingkat eca nyamuk | -nyamuk nyangga takir | watu bata myang padhas | samya mundur§ Prayoginipun / sumyur /. tan karasa ||

14. Ana ngunus tumbak kêris | pêdhang kalewang myang bandhol | sigra barêng mara sami nyuduk | pêdhang ngênglewangi | kang rare samya latah | kapingkêl gumuyu suka ||

15. Kêri lir dèn-ilik-ilik | alêkèk-lêkèk mêrongos | cape tanganira kang ambêntur | dhengah wong (m)bênturi | watu lir dhêmpo kumba | sumyur pêcah anggalêpang ||

16. Rare loro kinèn ngambil | ambrengkal watu sagênthong | sigra binarengkal wus kajunjung | gya têb-têban sami | kadya kapuk salamba | watu ingumbulkên tawang ||

17. Muluk angungkuli krambil | tinadhah gigir bokong | miwah tinadhah ing gundhul | myang sinikut bali | kinarya gagathèngan | kang watu sagênthong ampang ||

18. Tinonton sakèhing janmi | dhengah mulat gawok-gawok | tan dangu gègèran kêbo ngamuk | kèh curnan binijig | sinundhang ing maesa | usus mrodhol kulawèran ||

19. Wong akèh pating jalêrit | sru gumuruh lanang wadon | ki guru angatag lah dèn-gupuh | bocah ro sirèki | papagên kêbo gidrah | anglêburakên wong kathah ||

20. Gya tandang rare ro nuli | mapag abijig lan kêbo | ingêlokkên kathah sru gumuruh | kang jêblès abijig | binut ro kang maesa | kang siji (ng)gujêngi kêkah ||

21. Sikiling kêbo kang wingking | tan bisa (ng)gronjal si kêbo | ngarêp binijigan mring si Thêngul | dhag-dhêg dèn jêblèsi | sunguning kêbo pokah | gigal karo tibèng lêmah ||

22. Kêbo ambruk (n)jrum ing siti | pêcah êndhase malopor | polone maesa lajêng lampus | andêladak gêtih | (n)dhas ajur lir ginêcak | bathang kêbo gya binuwang ||

23. Jinunjung sikile (m)buri | sinawatakên tibèng doh | mêlongok

--- 8 : 80 ---

kang mulat gya kang tatu | anyuwun jêjampi | apan tiyang sêkawan | tatu tri pêjah satunggal ||

24. Ingaturkên guru kalih | sarwi tinangisan kang wong | sigra tinambanan wong kang tatu | marang Jamal Jamil | mênyêt indrênging pisang | ingusapakên minantran ||

25. Kang kinèn mulya lir nguni | kang mati ginudag kêbo | nulya ingusadan gya sinêbul | bun-êmbunanèki | rinaupan ing toya | ginugah nulya gumregah ||

26. Mulya kadya duk winuni | kang umiyat kabèh (n)jomblong | kagawokan marang kyai guru | nguripkên wong mati | misuwur ing ngakathah | èdi sêktine gurunya ||

27. Sanake bungah kêpati | mulya saking guru karo | mangkana karsanya kyai guru | mundhut walulang glis | dhadhalang kinèn natah | jaran mawi lar kang kathah ||

28. Mangkana kabèh wus dadi | jaran walulang rong puluh | pinaringakên lurah sadaya wus | kinèn anunggangi | jaran walulang sigra | ginêtak pan kinêplokan ||

29. Gya mabur bêr ngawiyati | têgar pucaking kêkayon | sadaya kang nunggang raosipun | pan jaran sêmbrani | ulêt ijo mawi lar | pakanne prêdapa kêmbang ||

30. Tutug sakarsanirèki | mayêng-mayêng mibêr adoh | kitêr nèng kêkaywan sabatipun | gèdhèg-gèdhèg sami | gawok eram mulat | agiris mring gurunira ||

435. Girisa

1. Yata kang sami têtêgar | mring awang-awang polatan | wus dangu antaranira | samya maniup mangandhap | prapta anèng ngarsanira | ing guru santri sadaya | mudhun saking panunggangan | wus mulih jaran walulang ||

2. Uwus kawêntar ing desa | kang doh-adoh sami prapta | pan anyabat masuk ojrat | kapengin sampurnèng titah | tinêkan sakajatira | kang

--- 8 : 81 ---

linuwih ing ngakathah | saking tuwajuh angalap | saking wau bêrkahira ||

3. Kang minulya ing Lêmahbang | Ki Agêng Sèh Amongraga | ki guru kinarya lantar | wakil winênang mumulang | kyagêng ngidèni kewala | mangkana ki guru Jamal | Jamil akarssaakarsa. sasawah | loroging Lêmahbang (ng)gènnya ||

4. Maluku tanpa maesa | wêluku brujul priyangga | singkal mingêr bêlundhusan | macule sami gacrokan | amalik nampingi bubak | sadina dadi lèlèran | sadina ngurid sumingkal | sadina dhaut banjaran ||

5. Sadina kudur tanêman | sadina ngilir gumundha | sadina gumadhung mapak | sadina mlèncut uraban | sadina angêmping jênar | sangang dinane panènan | sabên-sabên dènnya sawah | sangang dina pêpanènan ||

6. Dadya bungahing ngakathah | sabarang kang tinandura | pitung dina bae genjah | mêdal woh tulus andadya | nanêm jagung patang dina | miwah tanêm terong kacang | janganan nèng patêgalan | kang terong rong dina awah ||

7. Kabèh para lurah-lurah | kang wus samya kinalilan | sami kewala sasawah | genjah amung sangang dina | lawase nêmbèlasnêmbêlas. dina | anulya mêtu wohira | tuwuk kang sami tinêdha | sarwi ngêmohi sêdaya ||

8. Wong desa asuka rêna | karya tan pati rêkasa | mung manggung dhikir kewala | tan pêgat dalu lan siyang | mênêng-mênêng lamun nendra | tan pati angupajiwa | barang kang cinipta dadya | nadyan nanêm anèng jogan ||

9. Wohe genjah anèng têgal | wus gumyah mangunahira | sawahe (n)Jêng Kyai AgêngGuru lagu seharusnya: 8a, sawahe (n)Jêng Kya Agêng-nya. | kang ngangsu mring sêndhang-sêndhang | jalu èstri miwah bocah | toyanira sinundukan | myang ngangsu pikulan banyuGuru lagu seharusnya: 8a, myang ngangsu pikulan toya. | miwah kathah pangeraman ||

10. Wong wadon kêkêmbênira | kinarya anggorèng kacang | ana satêngah akêlan | banyu ginembol ing sinjang | wus matêng jangan pinangan | wus lumrah kabudayannya | mangkono wong pirang desa | kiwa têngêning Lêmahbang ||

--- 8 : 82 ---

11. Uruting Matesih samya | katutugan sakadarnya | kang mêncul agêgêmblungan | panjawile pênthung pêdhang | panyêluke bandhil balang | jalwèstri lan bocah-bocah | tansah anêbut kalimah | lumrah omah anèng sawah ||

12. Tan ewah kang sala-silah | satêngahe mamah-mamah | katêlah ulah kalimah | amrih gênahing mangunah | bungah luwih ing ngakathah | tan ana kang solah-salah | tan susah dènnira sawah | agenjah pêndhak Jumuwah ||

13. Atuwah wohnya akathah | tanah desa ing Lêmahbang | agêmah ripah wong kathah | santrine sangsaya wêwah | pengin nyabat masuk ojrat | mêngkana sêdina-dina | gumyah wong sawah tan susah | yèn dalu samya slawatan ||

14. yèn raina bubungahan | kyai guru Jamil Jamal | tan marentah mring sabatnya | sadhengah kinongkon dadya | uncêg pangot bae mara | nadyan kêbo bèbèk ayam | kenging kinongkon sadaya | dalah kayu watu lêmah ||

15. Kewala kenging dinuta | ki guru ingayap sabat | pra lurah-lurah sadaya | ki guru lon ngandika |Kurang satu suku kata: ki guru alon ngandika. hèh ani-ani ta sira | sun-kongkon têgorên enggal | kabèh nangka kayu kawak | dèn-kêbat ywa kêlayatan ||

16. Ani-ani sigra mentar | opang-aping lampahira | ki guru asru lingira | hus-hus ni-ani baliya | (m)bok aja nganggo pan-apan | gumagus akêteyongan | tinggalên pan-apanira | ngrubêdi nora cancingan ||

17. Copotên pan-apanira | lah wis dèn-kêbat mangkata | ni-ani santiyêng mlêsat | tinutakên mring wong kathah | ni-ani anêgor nangka | rinubung sakèhing janma | ni-ani anggêgês nangka | rong prangkul gênge wit nangka ||

18. Blas-blês bisa nêbal tatal | ginuyu marang wong kathah | ngêsorkên wadung nêmbêlas | tatale sami malêsat | anyiprati kang niningal | wus mênggik panêrêsira | amubêng panggêgêsira | kumrètèk dhoyong kang wrêksa ||

19. Gumêbrug rêbah ngrêbatang | ni-ani tumumpang nglekar | sawusnya rêbah kayunya | kyai guru sigra prapta | gupuh piyak sabatira |

--- 8 : 83 ---

kiyai guru ngandika | aranmu ni-ani ala | tan duwe pangrasa pisan ||

20. Jamak pang-êpange ika | padha dèn-tutuhi samya | nora nguwis dinuta |Kurang satu suku kata: nora nguwisi dinuta. ni-ani ajrih kadukan | sigra nutuhi pang-êpang | gêng alit rampung sadaya | ngling malih iku wasisan | dêlêge sira tugêla ||

21. Sadhêpa bae kang papak | ni-ani (ng)gêgêsi sigra | wrêksa tugêl sakala |Kurang satu suku kata: wrêksa atugêl sakala. sadaya gumuyu latah | majad ni-ani tan bisa | anêgor kayu wit nangka | ki guru nulya ngandika | mring wong nini-nini tuwa ||

22. Kêmpong untune wis gêmpang | ki guru aris ngandika | e la sira nini tuwa | kayu iki garotana | bakal sun karya klowongan | bêdhuge masjid gêng ika | dadiya padha sadhela | mêngko kanggo-a Jumungah ||

23. Sigra nini-nini tuwa | anggaroti kayu nangka | themal-themol apilaran | myang tatale akêmahan | anênêm nyakoti wrêksa | tan dangu dadya klowongan | tabêt alus lir pinasah | datan mantra cinakotan ||

24. Sampun dadya kalowongan | kyai guru ngambil bocah | cilik maksih sinusonan | nulya prapta lan biyangnya | ki guru alon lingira | lah bocah bayi ta sira | wangkisên bêdhug sadhela | anuli kanggo dèn-kêbat ||

25. Bocah ingkang sinusonan | tangi saking pangojongan | mudhun mring lêmah lumampah | lumaku mêsat sakêdhap | tan dangu anulya prapta | ngirit bocah bayi kathah | sami pasuson slawe prah | pating carêngèk swaranya ||

26. Kang (ng)gawa bèji walulang | binayang ing rare bajang | siji nora na (m)bêrangkang | mangkis bêdhug kalowongan | sumriwêd gidrah grêjêgan | akale asor wong gêrang | walulang jinèrèng kathah | binèjèn sagadukira ||

27. Bèji manjing ginandhènan | ingubêngakên supaya | êndhèk dènnya nambut-karya | ting garêthok thag thêg samya | acêngèkan bayi kathah | kongkon tuding-tinudingan | èsthane atag-ingatag | sêngkut dènnya nambut karya ||

28. Tan dangu anulya dadya | wangkisan singsêt (m)bêngkayang | wus garing sami sakala | bêdhug cinoba tinêmbang | jumêglung kadya

--- 8 : 84 ---

gong monggang | janma kèh ngling biyang-biyang | nora jamak uninira | nulya laju kinèn (m)bêkta ||

29. Sigra bayi salawe prah | bêdhug ingangkat ing kathah | para bayi jabang-jabang | sinunggi binayang-bayang | ampang lir (ng)gawa daluwang | pra jabang lakune gancang | sêlang-tunjang tan sumêlang | lajêng pinasang anganggrang ||

30. Sadaya abungah-bungah | sakèhe sabat kang anyar | gèdhèg nêbut tobat-tobat | eram gumun gawok mulat | samya (ng)gunggung gurunira | èdi saktine kaliwat | cipta krasan nèng Lêmahbang | kêpengin gampang pinangan ||

31. Kang bêdhug wuse pinasang | santri kèh a-Jumungahan | kumêrut kabèh santrinya | jalwèstri rare nom-tuwa | ring masjid a-Jumungahan | agêng alit winatara | kalih-bêlah èwu ana | srambi èstri kering-kanan ||

32. Supênuh masjid malapar | kêbak dalah pêlataran | Ki Agêng Sèh Amongraga | ngimami nèng pangimaman | pan maksih kinarobongan | guru Jamal mengasiral | guru Jamil ingkang kutbah | prapta kir bakda Jumungah ||

33. Kênduri kalangkung kathah | godhong ancak kadya sarah | (m)bêlabar sêkul lam-ulam | waradin warêg ambrêkat | mudhun bubar bar Jumungah | sami mulih sowang-sowang | sêmbari andhidhikiran | nut panjang wêtuning napas ||

34. Wênèh dhikir nut tindaknya | myang lagon sasênêngira | wus lumrah wong pirang-pirang | gumrêmêng dalu lan siyang | satêngahing nambut-karya | santri èstri kang wus bisa | samya karya pangeraman | èstri barang karyanira ||

35. Anutu adang akêlan | namung tinunggu kewala | sarwa dhikir Allah Allah | kang nutu asangga-uwang | alune gêjug priyangga | tampah napèni kêpyakan | yèn wus rêsik anèng wadhah | miwah ingkang olah-olah ||

36. Ajêngglu (n)jangur kewala | mung nyalumik dhidhikiran | kang la Ilaha Ilallah | ana Ilalah Ilalah | myang kang dhikir Allah Allah | miwah hu hu dhikirira | kang angi enthonge bisa | anglêr sêga baludhusan ||

--- 8 : 85 ---

37. Ilirnya kopat-kapitan | irus solèt munthunira | samya kluthukan priyangga | myang kayu sumuguh dhawak | kabèh tan susah anggrayang | rampung dhewe pirantinya | kang dadya kasukanira | kang santri-santri sadaya ||

38. Saluran-saluranira | ngadu-adu pangeraman | cêmpe bijig lan maesa | myang kancil kalawan macan | gêmbar-gêmbor sima kalah | kodhok ingabên lan ula | ula dèn-êmplok inguntal | kodhok (m)badhudhug sablungkang ||

39. Kyai guru Jamil-Jamal | nuding raryalit satunggal | ingacêng-acêng dakarnya | pêlinya bocah amêkar | ambêdhêdhêg mulur dawa | malêmbung padha sadhela | dinêlêng katon undhaknya | pakênêng-pakênêng mêkar ||

40. Dawa kangsi limang dhêpa | dêdêlêge gêng sakêndhang | mung pawakane kewala | kajaba gêgalêngira | amêdhok rah-irahira | jalèbère bulêdira | sapayung bèbèk bawera | kêngkèng atos ambêngkayang ||

41. Manggut-manggut ablag-blêgan | janggute sumèlèh lêmah | dadi rubungane kathah | samya myat ing poting bocah | ki guru Jamil ngandika | lah mara padha nungganga | ing guthule mot wong pira | pra lurah gumuyu latah ||

42. Sandika sigra anunggang | sag-sêg samya jèjèr wayang | raose walakang mangang | mot wong salawe boncèngan | pan maksih kapara longkang | ingsat-ingsêting lungguhan | watês gathoking lingiran | ki guru Jamil lingira ||

43. Lah mara dhêngal-dhêngalna | bandhamu kang limang dhêpa | matur inggih sami latah | nulya potinge anjêngat | ngadêg têlung gêgantar | wong sêlawe kudhampêlan | ngêthapêl dhogoling§ Prayoginipun / dhogol kang /. mêta | kang lungguh cêngêle guthul ||

44. Gendholan ikut akêkah | sarwi jêlih-jêlih samar | awang-awangên yèn tiba | pating barêngok sadaya | kêsêl ngemplok ing guthulnya | ki guru alon lingira | tiyungna bêncolèngira | nulya tinungkulkên sigra ||

45. Sumiyut wong slawe maras | kuwatir manawa tiba | lah wis concongên kewala | dhêngalna ing sawêtara | dimèn kang nunggang

--- 8 : 86 ---

sakeca | lumakua sisirigan | tur sandika bocah mentar | kinèn mubêng pakarangan ||

46. Ingaggut-anggutInganggut-anggut. guthulnya | sêdhêng dènnya dhêngal-dhêngal | wong sêlawe cikrak-cikrak | enak-ênuk nunggang guthul | dèn iring ing santri kathah | lir wong angarak pangantyan | gar-gêr samya gumyak-gumyak | nèng lurung ngubêngi desa ||

47. Kêpapag kêbo bayakan | kêbo sapi bubar-bubar | wor sinurak ing ngakathah | saya lumayu ambêdhal | giras anêlasak dhawah | wêdi mring guthul tan lumrah | kang angarak bungah-bungah | gumêrah ngêbêgi sawah ||

48. Tan adangu nulya jawah | guthule saya sumringah | mêngangah kaya kinumbah | wong kathah alatah-latah | kang nonton sangsaya gidrah | nora mundur drêsing jawah | potinge ngadêg andhêngal | samya nguthapêl kang nunggang ||

49. Lir bencok rèmbèl ing papah | nèng githok tênggoking dakar | ngaubi thothok kang mêkar | wong sêlawe tan kodanan | lir ngangge payung kambangan | wong akèh ngaup rêbutan | nèng bongkot adhêdhêsêgan | midêr-midêr turut dhadhah ||

50. Dhogol ngadêg sring kapêlak | ing papringan palêthosan | wangsul praptèng ngarsanira | ki guru aris ngandika | wus trang guthulmu tungkulna | sigra potinge anglayang | alon sumèlèh ing lêmah | mudhun sadaya kang nunggang ||

51. Pan sarwi gumuyu suka | ki guru malih ngandika | potingmu guyangên kana | ing kali Bandhul kang bêna | wong sêlawe ngosokana | guthule dimèn sêmbrana | bisa bigar mrana-mrana | wong sêlawe tan lênggana ||

52. Sandika mangkat saksana | potinge ngadêg anulya | sampun mentar saking marga | pang-pang sêmpal wohnya gigal | kêpranggal guthul andhêngal | kumrutug kadya bêrangkal ||

53. Praptèng kali Bandhul enggal | ginuyang wong sêlawe prah | kinosokan ing gêlagah | dhongole arunjah-runjah | sêlulup kêdhung mêntêngah | satêngah padhang abêtah | tangi niba nêbah-nêbah | lir bocah arunjah-runjah ||

54. Guthul sru dènnira polah | lir kinêbur muncrat wutah | kêbajong

--- 8 : 87 ---

dhogol (n)jalêmpah | toya gung sakêdhung bubrah | poting ngolang-aling rêbah | yèn janma-a kiprah-kiprah | anglumba-nglumba gêgidrah | ngalobak sapolah-polah ||

55. Bocah poting nangis susah | agila ginawa solah | si bocah langkung (ng)garêsah | jêrit-jêrit mêksa tansah | potinge sigra gumregah | angodor adrêng mring dhadhah | kêpapak ing kêbo ranggah | sinondhol kalumah-lumah ||

56. Dhogole gêgabul lêmah | sinurak-surak ing kathah | jalwèstri nonton gumêrah | poting mring wong wadon ngangkah | dèn sundhul kalumah-lumah | polahe guthul tan lumrah | agawe sadhengah-dhengah | gobag-gabig mutah nanah ||

57. Ambêlasak maring ngomah | kang ambabah bubrah-bubrah | abudi tan kêna ngampah | kang duwe omah malêpah | mupus tan rumasa gadhah | pratingkah saking parentah | ciptane samya sumarah | ing manah sampun dalelah ||

58. Potinge tan têyah-sayah§ Prayoginipun / sayah-sayah /. | kang andulu samya wêgah | mring poting adhadhah-dhadhah | wong kathah gêdrah gumêrah | guthul bisa ngarah-arah | mangkana ki guru Jamal | potinge binalang sêpah | poting mungkrêt kadya lintah ||

59. Mulih sauruting bocah | gêgêtun gumun sadaya | mangunahe gurunira | ginugu sadina-dina | tan dangu ki guru Jamal | santrine matur gurunya | paduka pan tinimbalan | gupuh ki guru lumampah ||

60. Yata Kiyagêng Sèh Mongraga |Lebih satu suku kata: Yata Kyagêng Sèh Mongraga. kang tinuding praptèng ngarsa | ngandika nèng jro krobongan | hèh Jamal manira tanya | wus pirang dina samangkya | nèng ardi Bangun Lêmahbang | Jamal Jamil aturira | èngêt kawula angetang ||

61. Sampun kawandasa dina | kapriye saiki padha | sabat-sabatmu pêpakna | sun arsa nutukkên lampah | linggar saking ing Lêmahbang | kabèh padha poyanana | kang liningan tur sandika | gya amêpak sabatira ||

62. Kang samya lurah sangalas | tan dangu prapta sadaya | mring masjid lir Jumungahan | dhinawuhan sadayanya | yèn Kangjêng Kyagêng samangkya | karsa linggar sing Lêmahbang | nulya

--- 8 : 88 ---

Kyagêng (m)bantu karsa | kabèh santri-santri sira ||

63. Lah uwis padha kariya | sun-arsa andon lêlana | nutukkên paraning karsa | andum salamêt kewala | ingkang liningan sadaya | kèndêl tumungkul tan nabda | ki guru nambungi nabda | mring pra sabat kang liningan ||

64. Lah mara padha matura | maring Kangjêng Kiagêng samya |Lebih satu suku kata: maring Kangjêng Kyagêng samya. mangkana kang para sabat | samya umatur prasêtya | ature samya lênggana | kawula tan purun tilar | kêdah tumutur ing tuwan | manggiha lara lan pêjah ||

65. Tan nêdya amba suminggah | sanadyan tan linilanan | kawula mêksa tut-wuntat | mangkana aturnya samya | yata Kyagêng Sèh Mongraga | ngandika mring Jamil Jamal | hèh santri ro karsaning wang | mring tanah nagri Mataram ||

66. Wus mangkono têlênging tyas | takonna mring sabatira | yèn ana kang wus angambah | ing tanah Sampar-paliyan | pasisir sapangulonnya | Ki Jamal nulya tatanya | mring sabatira sadaya | samya matur tan uninga ||

67. Ki Wrêgajati amojar | manira biyèn wus ninga | Sèh Mongraga lon ngandika | iya lakon pirang dina | têka ing kene Lêmahbang | Wrêgajati aturira | apan tigang dalu marga | manawi lampah lancaran ||

68. Saking nagri Ngèksiganda | pan sadalu margi prapta | Sèh Mongraga angandika | yèn mangkono Jamil Jamal | mêngko ing latri kewala | sun-linggar saking Lêmahbang | dene sabat-sabatira | ya sakadare priyangga ||

69. Sêthithik sanadyan kathah | jalwèstri anom myang tuwa | kon dandan saiki padha | ing mêngko ratri umangkat | kang liningan tur sandika | sobat samya lêngur§ Prayoginipun / lèngsèr /. sigra | mulih dandan sowang-sowang | tan etang ingkang tinilar ||

70. Pomahan tandurannira | kang kuwat kêbo sapinya | namung sangu kang ginawa | bumbu bêras lawan arta | samya-yêg sadayanira | Sèh Mongraga angandika | sira pinaring dening Hyang | sabat dadya kanthinira ||

--- 8 : 89 ---

436. Kinanthi

1. Yata wau wayahipun | bakda ngisa para santri | sampun samapta sadaya | santrinya jalu lan èstri | kang para lurah sangalas | tan ana kang nêdya kari ||

2. namung sabat-sabatipun | kang tumut wontên kang kari | kathah kang samya nut lampah | mring Kyagêng Sèh Amongragi | kathahira winatara | tigangatus jalu èstri ||

3. Mangkana Sèh Amongluhung | anglela dènnira linggih | mijil saking karobongan | ingayap santri jalwèsri | sadaya gawok tumingal | ing cahyanya Amongragi ||

4. Awênês jatmika ruruh | sumilak pasêmon wingit | jalwèstri tyasnya kakênan | sumungkêm samya jrih-asih | toh jiwambêk lara pêjah | kukuh rêngkuhe anggusti ||

5. Sèh Mongraga ngandika rum | mring Ki guru Jamal Jamil | paran wus samya samapta | kabèh sanak-sanak santri | kang padha brangtèng Pangeran | mrih utamaning ngaurip ||

6. Ki Jamal Jamil umatur | katiga Ki Wrêgajati | punika sampun sadaya | sakathahing para santri | angantos karsa-paduka | umiring tan nêdya kari ||

7. Ki Agêng malih amuwus | mring lurah santri sawiji | hèh Ki Tisnaraga sira | kariya aywa umiring | rêksanên patilas-ingwang | ngimanana santri-santri ||

8. Jumungah ing masjid agung | supaya kang kari-kari | padha sêngsêm ing agama | lan saturunnira benjing | ajênêng nganggowa rana§ Prayoginipun / nganggowa Raga /. | nak-putumu ing Lêmahbrit ||

9. Kamituwaning ing Bangun | poma aja walang-ati | kang liningan saha sêmbah | mring guru ingkang ginusti | mênggah-mênggah Tisnaraga | sêdyamba tan nêdya kari ||

10. Pan ajrih wêwalêripun | Ki Agêng Sèh Amongragi | umatur salurahira | yèn parêng dalêm lilani | tumutur saparan tuwan | pêjah gêsang atut-wuri ||

--- 8 : 90 ---

11. Sèh Mongraga alon muwus | ya wus suntrima sirèki | lamun ana kajatira | nusula kewala bêcik | yèn wus tamtu ing (ng)gwaningwang | prapta-a ing Wanagiri ||

12. Kang sinung ngling nêmbah matur | sandika tan walang-ati | ngling malih mring Jamil Jamal | katri lan Ki Wrêgajati | lah mara payo Bismilah | umangkat kang nglalana nis ||

13. Sapa kang wus wruhing laku | anggrêmanana ing margi | sigra nuduh Jamil Jamal | marang santrine kêkalih | Ragajati Jatiraga | pinatah lumakwèng ngarsi ||

14. Adan mangkat Sèh Mongluhung | saking dhusun ing Lêmahbrit | ingiring santrinya kathah | margi nut kêndhiting ardi | (n)dulur lampah sêsêmutan | sadaya sami adhikir ||

15. Tan rêmpêg sakadaripun | dhikir sasênênge muni | ririh bawane wong kathah | gumêr lir gêdhor kang siti | antara pitung pambalang | ulure ingkang lumaris ||

16. Wus kapungkur ardi Bangun | tidhêm kayon samya tis-tis | tan ana angin sumrabat | anjêgrêg dalan kasisirdatan kasilir. | kadya gêgêtun sungkawa | wêwêngkon wukir Bangun gring ||

17. Nir kêkênyêpira samun | ardi Bangun lir ngêmasi | kanisan suksma sakala | singsal sasananing urip | lir dyah kapugutan trêsna | anjêtung sèsining wukir ||

18. Kadya bela atumutur | mring sang andon lêlana nis | kup-angkupan munyêng wrêksa | lir panjriting kang rarya lit | kêlayu nguwuh sudarma | sinauran ing kêdhasih ||

19. Angalik-alik mlas-ayun | lir dyah angoso ing siwi | wis cêp mênênga ywa beka | tan kêna sira-klayoni | sêpuluh milu-milu-a | wus tan sira tan tinolih ||

20. Dolana bikiran tandhu | lir sunu kang saya nangis | têkèk nèng gawok§ Prayoginipun / gowok /. sru munya | lir mêdèni lare budi | bangkong munya nèng pangrongan | kadya kakine ngaruhi ||

21. Enêng-nênganaÊnêng-ênêngana. anakmu | budi kêlaywèng sudarmi | bapakmu lagya lêlana | nora lawas nuli bali | yèn janma-a èsthanira | sadaya

--- 8 : 91 ---

mengarang kingkin ||

22. Tan wus ucapên ing gunung | kang karya upamèng kawi | yata kang lagya mahawan | ing ardi Bangun Lêmahbrit | lêlêngkèhing pangareyan | margi gêng anjog Matesih ||

23. Samya kumpul lampahipun | adulur lumakwèng wuri | tanapi nèng kering kanan | Jatiraga Ragajati | pêcalang lumakwèng ngarsa | kang dadya gêrmaning margi ||

24. Lêpas lampahe andarung | adhikir samargi-margi | praptèng dhusun Sugat-salam | angidul-ngilèn lêstari | rêrêb wana Jati-saba | wanci gagat bangun ratri ||

25. Mondhok anèng bana-lindu | pra santri dènnya miranti | anèng ra-ara bêbangkan | supênuh jalu lan èstri | kunêng dènnya majêmukan | adhikir ojrat ripangi ||

26. Ting garêlo guyêng junun | sadaya buka pribadi | jalwèstri atutup muka | ing jarit putih rong nyari | sinêrat ing rajah muka | pambukaning roh ilapi ||

27. Samya sru pangguyêripun | wang-wêng gèdhèg gubag-gubig | manthuk krêp narêthêk nyêngka | napas winotan ing dhikir | sèwu kalimah sanapas | kèh unèn-unènne ing dhikir ||Lebih satu suku kata: kèh unèn-unèn ing dhikir.

28. Laila ha Illalahu | ha ilalah Illalahi | wênèh Allah Allah Allah | kang hu hu hu hi hi hi hi | e e i i u u a a | la la la la hak hik hak hik ||

29. Sarêng panarima junun | ting karingkêl anggulinting | saujur-ujaresaujur-ujure. niba | wor-winor jalu lan èstri | aundhung bantal-binantal | tan ana walang alisik ||

30. Sêsangat dènnira kantu | dènnya kalêngêr tan eling | wus dangu antaranira | kang samya padha birai | tangi saking pajununan | salong maksih anggulinting ||

31. Sidhêkus miwah sijujur | kang wus tangi samya nangis | kang katon sajroning pana | gurune ingkang ginusti | Ki Agêng Sèh Amongraga | lênggah ing dhêdhampar rukmi ||

32. Sarwi kinêbutan babut | ingayap pra widadari | andum nuduhkên sawarga | cacadhanganira benjing | ing pati manjing sawarga | janma kang ambuka dhikir ||

--- 8 : 92 ---

33. Saban-saban kang kadulu | datan ewah ing pangèksi | tan kirang sêcacahira | maksih kadya wingi uni | wuse nglilir sadayanya | pra santri jalu lan èstri ||

34. Samya nangis ting salênggruk | wau Kyagêng Amongragi | karya wêkasaning lampah | amiwal sarengat Nabi | sarate tan kawanguran | limang wêktunira aib ||gaib.

35. Karya ampinganing ngèlmu | ngungaskên karana lahir | suprih kawêntar supaya | winahon ing hukum-aji | numpak ing antara mangsa | mèsi pungkasing kadadin ||

36. Dadya tan ngibadah wêktu | namung anggung guyêng dhikir | amutahakên mangunah | tan lyan ciptane sang yogi | sayoga nèng Ngèksiganda | kamulyane katon gaib ||

37. Yata wau Sèh Mongluhung | ngandika mring para santri | rêrêp nèng kene kewala | kang jênêk rèrèn sa-ari | ing ratri bae lumampah | padha agaweya bukti ||

38. Saanane kang tinêmu | sakèhe iku rêjêki | lah padha kukus-kukusa | sêmbari bengat adhikir | Kyai Guru Jamil mojar | payo kono santri-santri ||

39. Lah-olaha sakadarmu | sêga jangan kang miranti | santri kang tan sangu bêras | sukêt-sukêt bae dadi | sêga panganên ya enak | tan beda lan bêras pari ||

40. Gya santri pawèstri gupuh | pasang dhingkêl ngrêratêngi | kang sangu bêras dèn-êdang | akêlan ngaliwêt sami | ngêlandêng akêkêbula | kang mêlarat santri miskin ||

41. Angliwêt lang-alang rumput | bathok blungkang dadi kêndhil | myang dadi kuali wajan | godhong dadi iyan ilir | toya kang minangka lênga | pan dadya lisah sayêkti ||

42. Kiwa têngêne andulu | mring tingkahe santri miskin | matênge nora prabeda | lan bêras kang dèn-pususi | sadaya ciptaning driya | bêrkahe kyagêng linuwih ||

43. Samya kapengin kadyèku | kaduwung sangu bras pari | anulya sami anadhah | anutug dènnira bukti | kyai guru kang dhinahar | punjunganing para santri ||

--- 8 : 93 ---

44. Wus luwaran samya tuwuk | nulya trap majêmuk dhikir | akupêng kêpung kalangan | amasang tutup pangèksi | ing jarit miwah daluwang | Pambukaning dhikir supi ||

45. Angguyêr dhikiranipun | kèh warnane solahnèki | angêdên nênggak asêntak | myang uninya warna-warni | pan kongsi sadina bênthang | dènnya guyêng ahli dhikir ||

46. Ingkang wus kalêngêr dangu | tangi nangis dhikir malih | pating jakêkêng kang pana | wênèh masih gobag-gabig | kèh warnane solahira | sakèh santri jalu èstri ||

47. Wusing Asar surya sèyub | samya so angaring-aring | adhikir lir saban-saban | kang tan kêna pot amuni | kajawi waktu ambuka | ambatêg dhikir ripangi ||

48. Samya ngayêm-ayêm kayun | mentar mijil sing wanadri | anunggang jaran walulang | miwah nunggang jaran ilir | wênèh nunggang jaran tampah | kayu-kayu wilah dadi ||

49. Tinunggangan bisa mabur | anapak kaywan wanadri | pêngrasanira sêdaya | anunggang jaran sêmbrani | têtêgar muluk ing tawang | kadulu langêning bumi ||

50. Kang bêblês mring mega biru | wêruh saisining langit | limrah kêkayon lir teja | ngunguwung prêdapa-sari | jarane mangan prêdapa | -ning kayu teja ngramêsi ||

51. Saciptanira pan tutuk§ Prayoginipun / tutug /. | arikat lir kilat thathit | kang endah-endah ajangkah | pra santri jalu lan èstri | tinimbang lan swarganira | bêcik swargane pribadi ||

52. Wus lumrah pangrasanipun | tan ana gèsèh kadyèki | tur ta punika jatinya | pratingkahing santri-santri | anunggang jaran walulang | wilah ilir tampah tampir ||

53. Mubêng kewala lumaku | nèng ara-arèng wanadri | lir wong nêgara Sêtonan | têpung gêlang wira-wiri | kaluyuran bêng-ubêngan | salin pandêlênganèki ||

54. Pangrasane bisa mabur | mumbul maring ngawiyati | lamun mundur lampahira | pangrasa mêsat mring langit | yèn maju dènnya lumampah | pangrasa niyub mring siti ||

--- 8 : 94 ---

55. Mangkana wanci mèh surup | pra santri sadayanèki | mudhun sing turangganira | kabèh jarane wus mulih | jaran walulang bêlaka | ingkang ilir mulih ilir ||

56. Wilah kayu mulih kayu | tampah tampir mulih sami | trêkadhang wong padhusunan | uning wong ahli birai | dhasar wus ngrungu pawarta | samya kèlu masuk murid ||

57. Wong papat lima nêm pitu | anyabat malbu birai | kapencut mangunahira | kasêbut jalma linuwih | sarwa dadi kang sinêdya | tuwa anom-anom prapti ||

437. Sinom

1. Yata Kyagêng Sèh Mongraga | dènnya rêrêp nèng wanadri | bêbangkandêdangkan. ing Jatisabu | wanalit trataban kêdhik | bakda Ngisa kang wanci | Sèh Mongraga lon amudhun | lah payo Jamil Jamal | umangkat mumpung wus ratri | kang liningan matur sandika sumangga ||

2. Adan samya lumaksana | ingiring sakèhing santri | ngidul-ngilèn lampahira | anyabrang ing kali Samin | angidul ngêncêng margi | ngidul-ngilèn malih laju | angambah pasawahan | adulur lampahing santri | atikungan lir taksaka gêng lumampah ||

3. Samya dhikir lilirihan | gumêr gumalêgêr kadi | pangakaknya naga lanang | anglud mamangsan tan kenging | yata nabrang bênawi | gya prapta ardi Sapikul | ing wanci bangun enjang | rêrêb sakathahing santri | nèng pucaking pupunthuk ardi Sarêmbat ||

4. Samya dhikir (m)buka rasa | majmuk kupêng jalu èstri | ramya angabên kang swara | sru gumuruh manêngkêri | wukir lir mogak-magik | ginora wong têlung-atus | kalangkung rahabira | dènnya bubuka ripangi | war-wêr mungsêr angguyêr kêpalanira ||

5. Wus kaduk pêndhadhakira | blag-blêg tiba anggulinting | kang kaglundhung ing pèrèngan | tibèng sor maksih tan eling | kathah ingkang kadyèki | myang kang ngundhung sungsun timbun | angglasah lir babadan | saujur-ujurirèki | mati atap kadya bangke nèng paprangan ||

--- 8 : 95 ---

6. Mung Ki Agêng Sèh Mongraga | Jamal Jamil Wrêgajati | kang maksih lênggah tan rêbah | ajênak dènnira dhikir | sakèhing para santri | kang samya kalêngêr dangu | antara wus sasangat | pra santri samya ngalilir | ting salênggruk lir saban panangisira ||

7. Kang samya kaglundhung jurang | ngarèkèl ngumpul manginggil | wus pêpak somah-somahan | samya ngrêratêngi bukti | waradin jalu èstri | samya ngukus ting karêlun | samya abungah-bungah | sadhengah kang dèn-olahi | datan susah bêras ingkang pinususan ||

8. Sukêt galagah lang-alang | kinuwêl dipun-liwêti | sapraboting olah-olah | sabarang cinipta dadi | tan pae lan bras pari | mindhak wangèn raosipun | miwah boja nyamikan | barangkal cinipta gêndhis | dadi gêndhis godhong ciyut dadi amba ||

9. Miwah wingka kang cinipta | dadi ajang panjang piring | sawusnya kinarya nadhah | mulih dadi asalnèki | sabên-sabên kadyèki | sabat anyar kang andulu | kalangkung kagawokan | sangsaya suyud amurid | tan sumêlang kandhêm kèrêm anyênyabat ||

10. Mangkana ing wanci siyang | sadintên bangkêlêng dhikir | yèn wus samya abubuka | wus ing wanci Asar akir | samya angaring-aring | dodolan mabur mandhuwur | nunggang jaran walulang | ilir tebok tampah-tampir | kayu wilah-wilah papah tinunggangan ||

11. Kumêrap jaran-jaranan | sawiji tan ana kari | jênak dêlênge kêpenak | lènggak-lènggak malang-kêrik | obah dhadha sêsirig | bêng-ubêngan maju mundur | tan owah pangrasanya | lir saban nitih turanggi | wit sawising Asar kongsi surup surya ||

12. Mudhun saking panunggangan | pra santri samya alinggih | tansah amaca kalimah | ririh ukur angalêsik | Kyagêng Sèh Amongragi | pangandikanira arum | lah payo Jamal Jamil | umangkat sêdhêng wus ratri | kang liningan samya umatur sandika ||

13. Adan umangkat saksana | sira Kyagêng Sèh Mongragi | ingiring santrinya kathah | lir sabên dènnya lumaris | mangilèn urut margi | ing Kabasêng menggok ngidul | manjat ardi Pyah-ilang | kêndhêng ardi kidul nênggih | lêngkèh ardi Gajahmungkur kilènira ||

--- 8 : 96 ---

14. Ngidul ngilèn lampahira | lulukikan jurang ardi | apan sarwi dhidhikiran | swara sru gora ing ratri | buron wana kèh wingwrin | kêbrasat samya lumayu | banthèng kidang mênjangan | sak-sakan kagyat anggêndring | jrih miyarsa swaraning santri dhikiran ||

15. Myang sima tinggal mêmangsan | anggro sru lir ambarungi | malumpat tinggal glagahan | lutung gègèr gorèh ajrih | gumrah wurahan wingwrin | anuntung êpange kayu | swarane agegokan | ramya lir (m)bantoni dhikir | mêrak ngakak mabur angalih pèncokan ||

16. Wau Kyagêng Sèh Mongraga | ingkang mahawan ing ratri | anusup wana wulusan | randhat dening margi rumpil | asiluk-siluk sungil | pêtêng mangêp dening singub | pandam wulan ping sanga | rêmu-rêmênging pangèksi | ngulap-ulap ing marga miyat lang-alang ||

17. Margi rupak mung sapêcak | ulur tan kêna wong kalih | ulur siji sêsêmutan | ing ngarsa lan wingking têbih | têtikungan watawis | dohira sangang panyêluk | tan ana pêdhotira | tuntunan jalu lan èstri | kang bubulên grigah-griguh napak krakal ||

18. Suprandene tan ngrêsula | saking maksude birai | abungah nêbut kalimah | tan ana sangsayèng margi | purun§ Prayoginipun / puput /. tunggangan ardi | tumurun suku kang kidul | angambah pangèmpèhan | angidul-ngilèn lastari | nabrang Oya ngidul praptèng dhusun Sampak ||

19. Maksih ngidul malbèng wana | wana Jatigonjèng anênggih |Lebih satu suku kata: wana Jatigonjèng nênggih. wontên bêbangkak awiyar | têngahing wana miranti | sêndhangira umili | kinubêng wit gayam agung | Kyagêng Sèh Amongraga | raryan nèng ra-ara radin | bêbangkaningdêdangkaning. wana Jatigonjèng (ng)gènnya ||

20. Ing wanci bangun raina | dènnya rêrêb wus miranti | majêmukan kêpung-kapang | nulya trap ambuka dhikir | langkung ramenirèki | lir makêtêr wukir rigung | kagyat wong mrapat desa | samya prapta aninitik | ingkang dadya gumêrah têngahing wana ||

--- 8 : 97 ---

21. Yata kang samya bubuka | matyatap susun atindhih | adangu kalêngêrira | wor sayah dènnya lumaris | kongsi siyang ngalilir | kanikmatên dènnya kantu | wus tangi sadayanya | nguculi tutup pangèksi | nulya samya olah-olah sêga jangan ||

22. Abusêkan kadya saban | barang kang cinipta dadi | sangkêp ulam rêrampadan | myang mamangsêg warni-warni | wowohan samya prapti | pribadi pating galundhung | pra samya winadhahan | ing dhulang myang panjang piring | sing lèr-wetan kidul-kilèn prapta dhawak ||

23. Wong desa-desa kang samya | anonton santri birai | sami agawok tumingal | waune tan kêlah-kêlih | sakala rumat sami | ajang panjang piring tuwung | prabot pawon tan susah | sadhengah cinipta dadi | datan susah kang pinangan santri kathah ||

24. Sami kenyut manahira | tuwa nom jalu lan èstri | samyambyuk umasuk sabat | mring ki guru kang sinêkti | samya tan ana mulih | malah mulih ngait batur | sabrayat masuk ojrat | awon mimikul lan ngarit | ngur masuk dul kang tan susah ngupajiwa ||

25. Mangkana sangsaya kathah | wong kang malêbu birai | kawarta sakèh padesan | akathah kang sami prapti | wong rusak dadya sêkti | barang saciptanya sinung | mulya donya akerat | amukti tan nambut-kardi | pan mangkana wartane kang dadya ojrat ||

26. Yata Kyagêng Sèh Mongraga | nèng Jatigonjèng miranti | dènnira rêrêp tri dina | sangsaya-kèh santrinèki | kathah pinangkanèki | sauruting Ardi-Kidul | samya kerut anyabat | mring Ki Guru Jamal Jamil | wus pinatah winuwuhkên ing lulurah ||

27. Matangpuluh salurahnya | gunggung santri sadayèki | pan pitung-atus-sawidak | kang sami masuk birai | lajêng kewala dhikir | ing Jatigonjèng supênuh | sadaya wus sinungan | rajah pambukaning dhikir | tutup mata ing sinjang rong nyari pêthak ||

28. Sawênèh ingkang daluwang | rajah tutuping pangèksi | janma nyar nora bêbakal | laju kang sinêdya dadi | tan pae lan kang lami | samya wruh sawarganipun | cêcadhangane benjang | katon sadurunging pati | saikine barang kang sinêdya dadya ||

--- 8 : 98 ---

29. Lami tan ana sumêlang | sumungkêm ing lair batin | mathêm gêgeyonganira | yata Kyagêng Sèh Mongragi | angling mring Jamal Jamil | sun-dulu santrimu wuwuh | kang liningan turira | inggih kathah ingkang prapti | gunggungipun pan pitungatus-sawidak ||

30. Maksih wontên ingkang prapta | lirna kang satunggal kalih | kang dèrèng kawula-petung | kyagêng angandika malih | yèn mangkono inganti | titane kang padha rawuh | têka rong dina êngkas | sêdhêng rêrêm para santri | anèng Jatigonjèng bêbangkanedêdangkane. wiyar ||

31. Araryan ing patang dina | lan kurang pira sing ngriki | ing tanah Sampar-paliyan | umatur Ki Wrêgajati | kirang sêdalu mêrgi | lamun lancaran ing laku | yèn kadya lampah tuwan | kados tigang dintên prapti | yèn mangkono payo nyêngka sawêtara ||

32. yèn wus ing rong dina êngkas | mêndhane santri kang prapti | umatur inggih sumangga | ing karsa amba umiring | mangkana para santri | kalamun ing wanci bangun | kabèh samya bêbuka | bakdanya kongsi byar enjing | laju samya olah-olah kang tinêdha ||

33. Tan owah lir sabênira | dhêmênên sakèhing santri | dadi kalawan cinipta | sawarnane kang binukti | datan cuwa ing ati | enak tur anutug tuwuk | yèn wus samya amangan | dhikir sru kongsi sa-ari | tan kêrasa panas anèng ara-ara ||

34. Prapta wanci bakda Ngasar | samya têgar ngawiyati | anunggang jaran walulang | sadengahsadhengah. kang dèn-tunggangi | pangrasanira dadi | jaran sêmbrani linuhung | ulês ijo mawi lar | mabur bêblês maring langit | busananèndah ngujwala ambra markata ||Lebih satu suku kata: busanèndah ngujwala ambra markata.

35. Pan wêruh saliring paran | adi-adining pangèksi | bayakan abêbarêngan | ngêmbara mring awiyati | tan ana angling lining | kewala sadaya minggu | lir tingkah jroning nendra | tumonton nêdya ngaruhi | jroning pangrasa têkan ingkang pinaranan ||Lebih satu suku kata: jroning pangrasa têkan ingkang pinaran.

36. Sayektine badanira | tan lunga-lunganèng siti | mubêng-ubêngan kewala | ing ara-ara aradin | ingkang laju lumaris | ana kang lumaku mundur | samya jaran-jaranan | wit nyemplo paningal salin | wus mêngkono trape wong ojrat dul-dulan ||

--- 8 : 99 ---

37. Yèn wanci suruping arka | rèrèn sadaya alinggih | pan sami pangrasanira | mudhun jog prapta ing siti | tungganganira mulih | maring dhapure kang wau | lulang mulih wêlulang | sadaya lir wingi-uni | lamun dalu ojrat emprak gêgabusan ||

38. Têb-têban bakar-binakar | tan ana kang miyatani | kadhang kang gamoh kewala | pinêdhang sinuduk mati | binakar gêsêng posit | kang kinêpruk ajur lampus | gêtih adêladagan | wus mati bisa rip malih | pan tan ana sumêlang tumêkèng tiwas ||

39. Mangkana Sèh Amongraga | sawusnya ing kawan ari | anèng bêbangkaningdêdangkaning? wana | ing Jatigonjèng miranti | angling mring Jamal Jamil | payo sêdhênge lumaku | iki wus bakda NigsaNgisa. | mupung sih sore lumaris | samya matur sandika nulya parentah ||

40. Lah dèn-age lurah-lurah | tatanên kancamu santri | kang dhudha randha bènèhna | lan kang sosomahan sami | aywa wor ing lumaris | sandika ingkang tinuduh | sampun samya samêkta | sakathahing santri-santri | (n)dan umangkat wau Kyagêng Sèh Mongraga ||

41. Angidul bênêr lampahnya | asêlur kang santri-santri | ing ngarsa têbih lampahnya | kang wingking taksih alinggih | kêmputira lumaris | saonjotane wong mikul | gumrêmêng galêgêran | santri kang lumampah dhikir | gumarêdêg kadya prahara manampak ||

42. Panjatan wana Jakêrta | teratabantêrataban. wana alit | prapta ing ardi Pagutan | wit tanah ardi Sêkati§ Prayoginipun / Sakêthi /. | nurut tikungan ardi | laju lampahe mangidul | ardi kang kaliwatan | ardi Lêndrêg ardi Kiping | ardi Munthil ardi Bawak ardi Bungkak ||

43. Ardi Mathak ardi Bangak | [...] |Kurang satu baris: 8i. ardi Lok ardi Jimbaran | ardi Sangkal ardi Bangir | yata lampahirèki | prapta ing ardi Kamadhu | mangidul malih manjat | rêrêp ardi Sambiradin | amêlapar kuwu anèng Sambirata ||

44. Ing wanci bangun raina | sami bubuka pra santri | sangsaya sru swaranira | kang samya ambuka dhikir | uning mangsa pribadi | sabên wayahipun wêktu | pan sami trap priyangga | tan kongsi dèn-parentahi | para santri arahab dènnya bubuka ||

--- 8 : 100 ---

45. Sawusnya samya lah-olah | sasênêngira ngratêngi | ayêm atêntrêm tyasira | sakathahing para santri | Kyagêng Sèh Amongragi | nèng Sambirata tri dalu | kathah kang sami prapta | wong desa ing kanan kering | saurute wong pawukiran kèh prapta ||

46. Samya masuk nyabat ojrat | nora kêna dèn-sayuti | lakon saonjotan prapta | jèlwèstrijalwèstri. mring Sambiradin | wêwahira winilis | têlungatus pitungpuluh | gunggung sadayanira | lan santrinira kang lami | apan sèwu langkung satus-tigangdasa ||

47. Mangkana Sèh Amongraga | dènnya rêrêp kalih ratri | anèng ardi Sambirata | kathah wêwahe kang santri | andikanira aris | marang santrinira têlu | payo sêdhêng umangkat | kurang lakon pirang ari | pan umatur kirang kalih dintên prapta ||

48. Wrêgajati aturira | ing lampah lamun marêngi | prayogi siyang kewala | paduka maklum ing santri | luhung rêrêping ratri | bêrkate ngambah wanagung | dadya randhat ing lampah | manawa lumampah ratri | santri èstri lan rarya-lit kang musakat ||

49. Sèh Mongraga lon ngandika | bênêr ture Wrêgajati | ing wêngi nadyan padhanga | amamar ngupayèng margi | matur Ki Jamal Jamil | inggih lêrês aturipun | mindhak dhanganing manah | kang badhe tuwan-kêrsani | (ng)gènning santri supaya krasan kasmaran ||

438. Asmaradana

1. Yata Kyagêng Sèh Mongragi | lêga tyasira ngaturan | wusana ngandika alon | ya mêngko bangun kewala | sawuse padha buka | ilmu rasaning-pandulu | lan padha dimèn sêsarap ||

2. Lah wus tatanên kang bêcik | santrimu salurah-lurah | pandumên sarèrèhane | samya umatur sandika | mundur samya memetak | santri ing salurahipun | anglimang-puluh-sasanga ||

3. Nalikanira ing latri | samya ojrat lêlagonan | anêlasakên sukane | kang emprak èstri lan priya | samya agêgabusan | têb-têban sumbu-sinumbu | sasuka-sukane dadya ||

--- 8 : 101 ---

4. Ingkang mati urip malih | kang wêntala tan karasa | barang tumamèng anggane | kabudayan pangeraman | tan ana susahing tyas | amangan lan luru-luru | pan wontên sami sakala ||

5. Sabarang pratingkahnèki | tan bêbakal amilala | dadi saking cipta bae | tur ta sayêktine padha | bêbêthak olah-olah | sangu bêras (ng)gendhong mikul | kimpul wi jagung kêtela ||

6. Tan ngrasa pratingkahnèki | ngrasa yèn dhikir kewala | wus matêng karêpe dhewe | mila sêdaya kêrasan | rinasa tan rêkasa | kerup manahe kaincup | mring Ki Guru Jamil Jamal ||

7. Ing wanci wus pajar gidib | yata Kyagêng Sèh Mongraga | angling mring Jamal Jamil-e | lah payo padha umangkat | kang liningan sandika | sigra ingundhangan sampun | Sèh Mongraga (n)dan umangkat ||

8. Ingiring sakèhing santri | adulur gêdab rantaban | sêsêg tan ana pêdhote | lir sêlaba abubulan | gumrêmêng adhikiran | ing wingking pan dèrèng kêmput | maksih eca abêbêthak ||

9. Gumriwis lampahing santri | gumrêdêg santri sahasra | pan wus kêmput sadayane | lampahira têtikungan | kumrap ngêbêgi marga | sumêngka minggah tumurun | tan pêgat samya dhikiran ||

10. Luk-lukan lêngkèhing ardi | tinut lampahing akathah | asri tinon sêdayane | lir nagaraja mahawan | (ng)gubêdi pawukiran | swara gumalêgêr asru | kadya rug lampor wanarga ||

11. Wus lêpas lampahirèki | mangilèn manjing ing wana | pêjatèn dhusun ing Bogor | punthuk kang wus kaliwatan | Sakêthi pawukiran | ardi Bugêl ardi Cumpung | ardi Andha ardi Duta ||

12. Ardi Kêndhit ardi Suling | ardi Galur ardi Tuwa | ardi Tênggak ardi Monglèng | ardi Bara ardi Gambang | ardi Wrat ardi Lancar | ardi Jênu ardi Rungrung | ardi Crême§ Ing Sêrat Cênthini Pinungsung / ardi Crêma /. ardi Wayang ||

13. Yata Ki Sèh Amongragi | rêrêp nèng ardi Magora | kadya pinapar puncake | wiyar mot santri sanambang | asimpar papan rata | pêtêng pangayomanipun | trênggulun kêsambi baga ||

--- 8 : 102 ---

14. Jati bêndha lawan bibis | gêng-agêng kêkayon tuwa | suka dènnya samya rèrèn | ing wanci wus ngandhap Ngasar | santri-santri sadaya | ambubungah tyasira yun | angayêm-ayêm têtêgar ||

15. Kêbut tan ana kang kari | pan samya jaran-jaranan | wêlulang tampah tampire | lir kayu wilah papah |Kurang satu suku kata: lir kayu wilah lan papah. sadhengah tinunggangan | iris solèd enthong munthu | cinèngklak katon turangga ||

16. Samya bêng-ubêngan sami | anèng ing ardi Magora | dhasar awiyar papane | jalwèstri rare nom-tuwa | anètèr sisirigan | kang maju kang samya mundur | angalênggak langak-langak ||

17. Amathèngkrèng malang-kêrik | manggut-manggut obah dhadha | lir obah bêsus mêthethe | pangrasanira anunggang | jaran sêmbrani samya | praboting turangga murub | busanane dhewe mumpyar ||

18. Kabungahanira ngênting | bisa mumbul ing gêgana | awor lawan mega bule | myang mring mega biru pisah | akèh kang tiningalan | kitri manguwung linuhung | katon dalane mring swarga ||

19. Nutugi karêpirèki | angosak-asik ing tawang | kang dadya kabungahane | wêruh saisining tawang | katêmbèn dènnya mulat | tan inang pangrasanipun | mila mantêp masuk ojrat ||

20. Wus antara surup rawi | kang samya jaran-jaranan | niyup mêdhun pangrasane | anglêr lir kontul anglayang | mencok maring dharatan | sadaya lampahe maju | samya ngunyur saubêngan ||

21. Nulya kèndêl para santri | mudhun saking panunggangan | byar wêlaka paningale | wus tata linggihanira | nèng ngarsane gurunya | jaran mulih asalipun | sadhengah mulih sadhengah ||

22. Nulya samya ngrêratêngi | panganan sêkul lan ulam | padha olah-olah kabèh | wus matêng samya pinangan | arame ting kucapah | sangêt suka rênanipun | santri jalu èstrinira ||

23. Mangkana Sèh Amongragi | dènnya nèng ardi Magora | tanah Sampar-paliyane | dènnira rêrêp rong dina | akathah ingkang prapta | ing Ponjong Sima Sêmanu | prapta ing Sampar-paliyan ||

24. Samya umasuk birai | ojrat kang kaliwat-liwat | èdi asêkti gurune | bisa nguripkên wong pêjah | yèn pêjah munggah swarga | tan susah adang anutu | sêgane matêng priyangga ||

--- 8 : 103 ---

25. Barang saciptane dadi | bisa mibêr ngawang-awang | mangkono gumyah wartane | mila wong turut gunungan | ambyuk samya anyabat | tan ana ingkang kaetangGuru lagu seharusnya: 8u, tan ana ingkang kaetung. | kudu mring ardi Magora ||

26. Kathahira winatawis | kawanatus pitung dasa | sèwu wolungatus kabèh | yata Kyagêng Sèh Mongraga | sawusing kalih dina | ngandika mring santrinipun | Wrêgajati Jamil Jamal ||

27. Hèh Wrêgajati sirèki | iki wus prapta ing Sampar | -paliyan iya tanahe | [...] |Kurang satu baris: 8a. kadohên lan samodra | kang dadya jênak tyasingsun | kang parêk têpi samodra ||

28. Umatur Ki Wrêgajati | yèn ta sampuna kuciwa | ing karsa taksih amilèh | ingriki langkung prayoga | pikantuk papan ngarga | padhusunan agung-agung | tan susah toya tumumpang ||

29. Anambung atur Ki Jamil | punika sabat kawula | pun Jiwayuda wastane | lamun paduka karsa-a | ngupaya liyan tanah | punika kang sampun wêruh | nitik milih-milih tanah ||

30. Sèh Mongraga ngandika ris | êndi sabatmu kang warta | kang wus wruh jajahan kene | konên umatur maringwang | Ki Jamil sigra ngatag | mara majuwa umatur | mring Ki Agêng kang pratela ||

31. Kang liningan majêng ngarsi | umatur Ki Jiwayuda | sarwi sedhokan sêmbahe | pukulun andangu tanah | urut Sampar-paliyan | inggih sapêngilènipun | kang cêlak pinggir samodra ||

32. Lamun parêng sang ayogi | tanah ing Giring bungas-nya | kang wêkas kidul parêdèn | angongkang pinggir samodra | dhusun ing Kanigara | kathah pasênêtanipun | guwa kang kêr-angkêr samya ||

33. Titiga guwa kang wingit | guwa Mawanti wastanya | kalawan pun guwa Cêlor | guwa Songpati katrinya | pan ngokop ing samodra | ing wana Giring puniku | akathah tilas pratapan ||

34. Punika ingkang prayogi | pan ing dhusun Kanigara | tan cuwa ing sabarang rèh | ewamakatên sumangga | tuwan ingkang kinarsan | pangraos-kula amung |Kurang satu suku kata: de pangraos kula amung. inggih dhusun Kanigara ||

35. Sèh Mongraga ngandika ris | yèn mangkono Jiwayuda | sun sênêng aturmu kuwe | ya desa ing Kanigara | duwe guwa prayoga |

--- 8 : 104 ---

pira doh-cêdhake iku | lan kutha ing Ngèksiganda ||

36. Matur lampahan sê-ari | sing riki inggih sadina | kaot sakeca margine | Magora mring Kanigara | lawan dhatêng nagara | rumpil lêmpitaning gunung | kêpara têbih mring kitha ||

37. Malih angandika aris | ya wus prayoga turira | ing Kanigara kinuwon | sêdhêng dohe lan nêgara | olèh sêmada kiwa | Jamal Jamil nambung atur | inggih langkung kasinggihan ||

38. Sumangga karsa sang yogi | kang dados parênging karsa | Sèh Mongraga andikane | sarèhna ing pêndhak dina | ana karsa-manira | arsa karya masjid agung | sukuning ardi Magora ||

39. Lan Jiwayuda sirèki | sira sunwènèhi aran | ya si Gorajati bae | lan sira undhang-undhanga | kabèh nak-putunira | papaning masjid desamu | ing Magora pan prayoga ||

40. Jiwayuda kang sinung-sih | nuwun-nuwun aturira | asêsedhokan sêmbahe | nulya malih angandika | mring guru Jamil Jamal | lah mara kabèh santrimu | padha konên nêgor wrêksa ||

41. Kang gêdhe dadiya mêsjid | kang rumat sadayanira | ngadêga sapasar kiye | Jamal Jamil tur sandika | ngundangi santrinira | sadaya sandika gupuh | wus samya mundur sing ngarsa ||

42. Anêgori kayu jati | agêng-agêng rinêbahan | rinayap ing santri akèh | ing karya nora rêkasa | sinambi dhidhikiran | ènthèng kang sarwa jinunjung | êmpuk kang sarwa pinêrang ||

43. Agampang dènnya nyathoki | lir kayu randhu kewala | bonggol gadêbog pamane | ngadoni anjing-anjingan | rapêt tan ana rênggang | rong dina rinagang sampun | tan ana ingkang kuciwa ||

44. Laju ingadêgên aglis | sêrambi myang gandhokira | bêrukut lan balumbange | miwah bêdhuge wus dadya | santrine gawok mulat | tan nyana glis dadosipun | majade tan bisa dadya ||

45. Tan mantra yèn mêntas dadi | labête anyar kinarya | lir wus têtaunan windon | nuju ing dina Jumungah | masjide inganyaran | supènuh pra santrinipun | ambèr marang palataran ||

46. Mangkana Ki Guru Jamil | Jamal ingkang mangasiral | Jamil kang kutbah mimbare | Kyagêng ngimami Jumungah | praptèng akiring

--- 8 : 105 ---

salat | wus bakda Jumungahipun | akathah kêndhurinira ||

47. Kinêpung ing santri-santri | rame dènnira amangan | wus dinum barêkate |Kurang satu suku kata: uwus dinum barêkate. santri kèh wus bubar mêdal | mring (ng)gonning sowang-sowang | kari kang pra pinisêpuh | kang maksih sami nèng ngarsa ||

48. Yata Kyagêng Amongragi | ngandika mring Jamil Jamal | katri mring Wrêgajati-ne | pilihana sabatira | padha wèhana aran | Jamil Jamal ngandika wus | sabate sinungan aran ||

49. Mintaraga Mintajati | Mulyajati Jatimulya | Sênêngjati Jatimêne | Awasjati Jatipura | Sukajati kalawan | Rênukjati Jatiliwung | Dewajati Jatijiwa ||

50. Kang sami dipun-aranni | sawêlas pinatah lurah | wus mangkana ing karsane | ngandika mring Jamil Jamal | lah payo padha mangkat | ananggung bae ing laku | satutuge anèng marga ||

51. Dene sira Gorajati | yèn wus praptèng Kanigara | sira anulaka bae | muliha marang MagoroGuru lagu seharusnya: 8a, muliha marang Magora. | rêksanên tilasingwang | têtêpa jumungahipun | yèku ywa kongsi muadah ||

52. Sun silih lakunirèki | nuduhkên ing Kanigara | kang liningan tur sêmbahe | lamun parêng kinarilan | kawula tan nêdya sah | lumados ing siyang dalu | ya wus bênêr sun-tarima ||

53. Rêbut pêrlu kang utami | Gorajati tur sandika | ngling malih mring santri karo | lah payo Ki Jamil Jamal | nanggung bae lumampah | Gorajati kon nèng ngayun | adan umangkat saksana ||

54. Adulur sêlur samargi | wus matuh samya dhikiran | wong sèwu wolungatus ke§ Prayoginipun / sèwu-wolungatuse /. | kadya wong ngili gègèran | santri kèh warna-warna | ana (ng)gêgèndhong myang mikul | ting karuwêg ngêmban anak ||

55. Ana ingkang nyangking kêndhil | kudhung jarik myang capingan | payung kang kudhung bêbêde | têkên dholog nocol kisa | wênèh kêmbu kêranjang | isi cowèk lèmpèr irus | sadangdananing bêbêthak ||

56. Jarite pating bathithil | buntêlan bêras lan karag | ana kalung

--- 8 : 106 ---

bêbêd lêgèh | kang wuta tuntuntunan |§ Prayoginipun / tuntun-tuntunan /. kang ribug bubul bêlak | lakune pating gariyuh | para repot rerendhonan ||

57. Suprandene eca dhikir | tan etang lara sinêngka | saking kadêrêng karêpe | batine kaya-koyo-a | wus luput ing duraka | olèh gegeyongan guru | bisa nuduhkên sawarga ||

58. Mila sakathahing janmi | sêdya andhêm karêm nyabat | tan wruh sinulap kawruhe | cinathok pangrasanira | gunane Jamil Jamal | ngêmpakakên ngèlmu Canthung§ Prayoginipun / ngèlmu Cinthung /. | wong desa asalang-tunjang ||

59. Wus lêpas lampahirèki | rêrêp kadalon sakêdhap | anganti wulan (n)dadare | anèng lêlêngkèh tunggangan | ing ardi Jakatuwa | santri sèwu-wolungatus | anggêbèl ngêbêki paran ||

60. Samya babêthak ngratêngi | wus matêng samya mêmangan | sapundhuhe dhompolane | tan ana kang kaliwatan | sawusira mangkana | samya bubuka sadarum | rahab anggayêr kêpala ||

61. Sawusnya mangkana sami | antara wijiling wulan | sigra umangkat lampahe | ngidul-ngilèn ngambah wana | pêjatèn grêng rungkudan | wana Giring sapêngidul | sapêngalor pêngulonnya ||

62. Tandhês wukir Imagiri | parêngpèrèng. sukuning kang wetan | ardi Sakêthi pungkase | Imagiri wêkasannya | yata ingkang lumampah | santri kwèh gumêr-gumuruh | wor gora alun samodra ||

63. Wus mêdal saking wana writ | ngambah alas tarataban | bêbangkandêdangkan. gumuk parêdèn | alas grengseng garêmbêlan | liwat desa ing Mula | myang desa ing Gunung-puyuh | ing Panitèn Jati-wêkas ||

64. Ing Sêmamar Wanasari | ing Taruka Kêlampeyan | rêrêp anèng ardi Cêlor | ing wanci pajar sidik byar | santrinira malatar | lajêng abubuka junun | war-wêr angguyêr kêpala | angèl margine mring guwa ||Lebih satu baris: baris ini tidak perlu dibaca.

65. Samya kalêngêr (ng)gulinting | gêlasran§ Prayoginipun / gêlasah. lir binabadan | blag-blêg saujur-ujure | wus dangu antaranira | kang samya nênggak napas | nulya tangi ting badhêngul | laju samya abêbêthak ||

--- 8 : 107 ---

66. Yata Ki Sèh Amongragi | alon dènnira ngandika | Gorajati sun-têtakon | iki ing ngêndi arannya | umatur kang liningan | ardi Cêlor namanipun | guwane kang kidul-wetan ||

67. yèn mangkono Gorajati | aywa mulih myang Magora | sarèhna dhingin nèng kene | manira ayun anjajah | patilasing pratapan | Wrêgajati lan sirèku | si Jamal Jamil kariya ||

68. Momong sabat santri-santri | manira ayun tirakat | samya sandika ature | dyan umangkat piyambakan | anjajah patilasan | santrinira kang tut-pungkur | kêkalih tan kêna pisah ||

69. Wrêgajati Gorajati | karsanira Sèh Mongraga | lumêbêt ing guwa Cêlor | sadintên-sadalu dènnya | anèng sajroning guwa | langkung rêpit silukipun | nulya mêdal saking guwa ||

70. Laju ngalor mring wanadri | guwa Manganti pinaran | ardi alit pinggir lèpèn | èpèn Oya ingongkangan | lêlawanganing guwa | majêng ngalèr-ngilèn sintru | kêtalib pangoling sela ||

71. Lêgok longkanganing kali | kali Oya cêlangapnya | kang kidul têmbing bambinge | tumawing ngungkuli toya | ngisoring lawang guwa | ulêkan toya anêkung | angèl margine mring guwa ||

72. Maripit anurut bambing | kang pinanjat ginujêngan | wau ingkang mongol-mongol | yata Ki Sèh Amongraga | tan wang-wang sungiling lwah | anjurang trêjungnya kêdhung | lon-lonan dènnya tumama ||

73. Angayut oyod inapti | wus prapta lawanging guwa | ningali pasang rakite | pantês dadya pasênêtan | dinulu alimutan | Sèh Mongraga sigra laju | santri loro ruruncungan ||

439. Pocung

1. Yata wau Sèh Mongraga dènnya masuk | lawan santrinira | anèng ing guwa Manganti | jroning guwa mulêg ganda rum angambar ||

2. Sèh Mongluhung sasmita mring santriniraGuru lagu seharusnya: 12u, Sèh Mongluhung sasmita mring santrinipun. | samya anoraga | ing sêmu sampun andugi | limutira ing guwa sêmada padhang ||

--- 8 : 108 ---

3. Rakitipun sajroning guwa apatut | sela blêg kewala | gogodhagane pêsagi | pan sisinggêt ing têngah kori sajuga ||

4. Wiyaripun mung sasêta sapandhuwur | nulya linêbonan | langkung pêtêng anglimputi | pan sêsangat wus antara saya padhang ||

5. Pan kadulu jroning guwa wênganipun | ingkang kidul-wetan | wontên toya anaritis | sanginggiling kumênclèng tibèng bêlikan ||

6. Kilènipun wontên sela-gilang alus | kandêle sa-asta | rong dhepudhêpa. panjangirèki | wiyaripun sabêlah kang sela-gilang ||

7. Yata wau Sèh Mongraga duk andulu | tilasing gêdubang | maksih têlês durung aking | nèng jêrambah larasan sêmprit rong lêmbar ||

8. Lawan susur sajêbug têmbako alus | myang têgêsan sadak | anjrah pugutan lir sari | kadya dèrèng kang mucang nis ing sasana ||

9. Gandanipun saya mulêg marbuk arum | anduk jêjêbadan | sumrêbêt ratus kasturi | Sèh Mongraga ririh dènnira ngandika ||

10. Lah ya iku ana tilasing ngaluhung | sirating pamucang | mêksih mukêt sun-tingali | santrinira mêlongok matur norraga ||

11. Alon matur bisik-bisik wartinipun | ing guwa punika | sring-asring dipun-têdhaki | inggih marang ing kangjêng sinuhun sultan ||

12. Milanipun ing guwa Manganti nêngguh | tan kambah ing janma | kang dhingin dhasare wingit | kaping kalih linarangan mring kang ngrêksa ||

13. Sababipun pan inggih mênika wau | asring tinêdhakan | marang kang darbe nêgari | lamun botên punika marêngi têdhak ||

14. Tandhanipun kêtawis ganda marbuk rum | apa mangkonoa | kawula dugi mênawi | nadhannadhah / nadyan. ya-a manira angalap bêrkah ||

15. Pan rong dalu Sèh Mongraga anèng ngriku | tan susah we kadas | nèng sela-gilang amupit | pamaguting rasa têlênging kamulyan ||

16. Tyas pinutu ing tanajul-tarki-nipun | marang kajumbuhan | dhauping kêdhap pinusthi | ing pangaksi sisikuning Ngèksiganda ||

17. Supaya sung wêwaton jalaring rampung | pungkasing kasidan | mêngkana abuntu budi | budi tungtum nyamplêng tan karasa-rasa ||

18. Angganipun mitênggèng antêng lir watu | pan antaranira | rong

--- 8 : 109 ---

dina tan obah osik | Wrêgajati Gorajati nora têbah ||

19. Anèng pungkur ngadhêp kang lagya manêkung | sawusnya mangkana | wanci bakda Subuh enjing | Sèh Mongraga ririh maca salam bakda ||

20. Lingira rum Mongraga mring santrinipun | lah payo umêdal | saking ing guwa Manganti | santrinira karo amatur sandika ||

21. Nulya mêtu saking kori têngah wau | santri nolèh wuntat | pêtêng malih anglimputi | namung kori jawi katon mêlong padhang ||

22. Yata wau Sèh Mongraga praptèng pintu | wus mijil sing guwa | malipir pipining bambing | lampahnya lon (n)dulur anjurudêmungan ||

440. Jurudêmung

1. Yata wau Sèh Mongraga | laju ngalèr lampahipun | nabrang Oya karsanipun | ngalèr-ngilèn mring Maladan | wisan-gawe praptanipun | wontên watu itêm gêngnya | kêkalih bundêr sagênuk ||

2. Nangsang kadya sinalangan | ing oyot mandira agung | sela-lus kadya parunggu | ngandhap sitinya mêlatar | sumilak rêsik kêlangkung | lir kambah janma andina | kayoman ing wrêksa agung ||

3. Tan ana kaleyangira | winêtara agêngipun | witing wrêksa rolas prangkul | rakit tambining mandira | lir kêkobong tilam-arum | têngah sela sumayana | alus kadya akik wulung ||

4. Kanan kiri anjêrambah | pêtêng kinubêng ing sulur | tataning tambing barukut | awiwara kadya guwa | tambining oyot nyakêdhung | ngêthuwêng têpung nyêlangap | sitinya angêtuk ranu ||

5. Tambi lir windoning sêndhang | awêning toyanya agung | kalangkung asri asingup | Sèh Mongraga myat karênan | ing Maladan rakitipun | nulya tumamèng (ng)gigilang | sênêt sadintên sadalu ||

6. Enjing mijil sing (ng)gigilanggigilang. | nèng oyod tumpang alungguh | ana wong sawiji rawuh | ngêthuyuk kêpara tuwa | saking dhusun ing Parumpung | Baulapa namanira | mrêpêki amundhuk-mundhuk ||

--- 8 : 110 ---

7. Prapta trapsila mangarsa | Mongraga ngandika arum | paman ing ngêndi sirèku | lawan sapa arannira | ingkang liningan umatur | kawula pun Baulapa | dhusun kawula ing Ngrumpung ||

8. Kang têtangga ing Maladan | won-awon jru-kuncinipun | pundhèn Maladan puniku | Sèh Mongraga angandika | manira tanya yun wêruh | critanira ing kuna | ing Maladan adatipun ||

9. Umatur Ki Baulapa | lamun paduka andangu | ing Maladan adatipun | sela undhi sayêmbara | sintên kang kuwat anjunjung | kang sela nèng pasalangan | manggul ngubêngi wrêksa gung ||

10. Dèn-kongsiya têpung-gêlang | utawi mubêng ping têlu | winangsulakên ing (ng)gwannipun | tinêkan barang sinêdya | lamun tan kuwat anjunjung | pan lêpat ingkang sinêdya | yèn kuwat tuhu anggambuh ||

441. Gambuh

1. Mangkana adatipun | tiyang tirakat ngriki puniku | kêdah sayêmbara pratiknya (n)janjèni | punapa sadyanipun |Kurang satu suku kata: punapa sasêdyanipun. tatanèn dagang buburoh ||

2. Kang sêdya sugih ngèlmu | sugih donya miwah waris wayuh | sugih sunu kang sêdya dadi priyayi | kang amrih mênang prang pupuh | kang sêdya durjana kang wong ||

3. Sanadyan ambuburu | sato pêksi barang kang kinayun | anggêr kuwat anjunjung kang watu undhi | sampun makatên puniku | wus luluri praptèng mêngko ||

4. Dene kang watu wau | duka dalêm pan sampun kadyèku | dadya sayêmbara ingkang watu undhi | katrima sasêdyanipun | tan ana ingkang malendo ||

5. Kawula kang têtunggu | anaidi wong kang darbe kayun | lamun wontên inggih kêdhik kalih kêdhik | sêkadar wêjananipun§ Prayoginipun / wêjaninipun /. | panêbase jambe suroh ||

--- 8 : 111 ---

6. Pun bapa criyosipun | duk jênate pun kaki rumuhun | angladosi Jêng Panêmbahan Mêtawis | Senapati dènnya nêkung | nèng ngriki Maladan manggon ||

7. Anèng gigilang ngriku | dènnya sumungku pan tigang dalu | pun kaki ingkang ngladosi dupa-mrik |Kurang satu suku kata: pun kaki ingkang ngladosi dupa amrik. tanpa kanthi sang aulun | kèh tan nyana lamun katong ||

8. Mongraga ngandika rum | yèn mangkono Maladan puniku | tilasnya Jêng Panêmbahan Senapati | aran kang sinuhun-suhun | wong ngalap bêrkah kemawon ||

9. Sawabe kang linuhung | lah paman Baulapa sirèku | wus kariya sun laju anutkên kapti | Ki Baulapa umatur | punapa sampun ambopong ||

10. Sela undhi puniku | Ki Sèh Amongraga mèsêm muwus | nora susah anjunjung kang watu undhi | ngalap bae bêrkahipun | kang karya tilas kinaot ||

11. Panrimèngsun wus cukup | Baulapa sumangga turipun | sawusira kariya andum basuki | sun arsa nutukkên laku | amêgat sih Sèh Mongkaot ||

442. Mêgatruh

1. Kang liningan tumungkul alon umatur | lamun parêng sang apêkik | kawula sumêdya tumut | Sèh Mongraga ngandika ris | ya paman sokur kemawon ||

2. Nulya mangkat Sèh Mongraga laju ngidul | dadya têtêlu kang ngiring | Baulapa anèng ngayun | sêdya kampir ing Drêkaki | kêdhunging Oya anyarong ||

3. Ingudhunan pinggiring kali tumurun | kathah ulame kaèksi | tan liyan tambra lit agung | liwêran kèh tanpa wilis | ambubulambrubul. mêdal saking rong ||

4. Sèh Mongraga ngandika mring santrinipun | anèh têmên kêdhung iki | banyune ngisor lan dhuwur | padha buthak banyu putih | mung sakêdhung bae nyarong ||

--- 8 : 112 ---

5. Baulapa iki paran marmanipun | kali Oya ing Drêkaki | dene tan buthak kang ranu | beda kang ngisor myang nginggil | Baulapa matur alon ||

6. Duka dalêm mapan wus kang wau-wau | kêdhung Drêkaki awingit | tan ana kang purun-purun | tan ketang wadêr sanyari | sintên kang mêndhêt wurung wong ||

7. Lajêng edan têrkadhang kang apês lampus | mila tan wontên kang wani | anjawi kangjêng sang ulun | inggih kang darbe nêgari | yèn karsa mundhut ulam-loh ||

8. Gih puniku ing Drêkaki ulamipun | mundhut kalih wontên kalih | mundhut pitu wontên pitu | mundhut kathah wontên inggih | kathah ulame kang katon ||

9. Liya saking pundhutan dalêm puniku | tan kenging tiyang ngêpik-pik | apan angkêre kêlangkung | inggih pun kêdhung Drêkaki | langêning ratu kinaot ||

10. Pan puniku prênah pinarakanipun | nanging tan wontên udani | tinarka wong awon nganggur | sêring klampeyan sauwit | Sèh Mongraga ngandika lon ||

11. Manira yun payo marono alungguh | ngalap bêrkah sang winingit | gya minggah ing bambing wangsul | santri titiga tan kari | anèng sandhaping kakayon ||

12. Pan sadintên-sadalu dènnya nèng ngriku | byar enjing umangkat aglis | nabrang Oya lajêng ngidul | ngambah wana jurang ardi | nut agiraning lêlêmpong ||

13. Pawukiran alit-alit ting pacucu | lêstari lampahira ris | laju mring pasisir kidul | santrinira tansèng wuri | kang kinanthi lêlana ndon ||

443. Kinanthi

1. Yata wau lampahipun | Mongraga praptèng pasisir | ardi Bungas pagêbyugan | pawukiran alit-alit | raryan anèng ardi Bungas | pagêbyuganing jêladri ||

--- 8 : 113 ---

2. Ardi Putri wastanipun | watu-karang parang-curi | bintara lawan kucila | tan ana liyane kang wit | lambunging ardi gumrajag | umili nêmpur mring kali ||

3. Kali Kolor tan patya gung | alit anjog ing jêladri | sami grajagan sing arga | nut lêmpitan suku ardi | kêpagol pongoling sela | gumarujug (n)jog jêladri ||

4. Sandhaping grojogan ranu | wiwara guwa awingit | kagêbyug alun sêgara | dadya guwa tan kaèksi | lamun yèn alun nuju rat | katon guwane sing nginggil ||

5. Ki Baulapa umatur | punika wontên guwa writ | tan kenging kambahing janma | winastan guwa Songpati | saking èwêding kang marga | kapêpêtan ngandhap nginggil ||

6. Ngandhap alun samodra gung | ing nginggil grojogan kali | punika ingkang sênêtan | Ki Agêng ing Bêngkung nênggih | tan wontên tiyang kang bisa | mariki marang Songpati ||

7. Pan amung Ki Agêng Bêngkung | Sèh Mongraga ngandika ris | Ki Agêng kang sira pajar | ing ngêndi sasananèki | ana wong amara-tapa | pira wayahe kang janmi ||

8. Kang liningan lon umatur | Ki Agêng Bêngkung puniki | inggih sujanma martapa | anèng ardi Imagiri | sêjatinipun punika | Kangjêng Sultan ing Matawis ||

9. Jêng Sinuhun Sultan Agung | puruitèng Imagiri | yèn wus dènnya siniwaka | kukuwu nèng Imagiri | asênêt nèng kasamunan | wana ing Bêngkung Magiri ||

10. Anama Ki Agêng Bêngkung | tanpa kanthi dènnya nêpi | anungge nêkung priyangga | tan ana ingkang udani | kadhang tiyang padhusununan | kang uning satunggil kalih ||

11. Tan wruh yèn puniku ratu | Sultan Agung ing Mêntawis | tan mantra-mantra narendra | pêngagêm tuwin kang warni | lir saluguning pandhita | kêpara sêpuh akaki ||

12. Sanès dede kaotipun | lawan yèn miyos tinangkil | bagus tan kêna ing tuwa | taruna cahya nêlahi | (n)Jêng Sultan ing Ngèksiganda | kalangkung sakti awingit ||

--- 8 : 114 ---

13. Sèh Mongraga ris amuwus | abdine kangjêng sang aji | paran tan ana uninga | mring ahline sri bupati | Baulapa aturira | inggih tan wontên udani ||

14. Wontên satunggal rannipun | Tumênggung Wiragunèki | kang asring-asring umarak | mring Kyagêng Bêngkung Magiri | yèn dhangan karyaning nata | lajêng mring Bêngkung pribadi ||

15. Tanpa rewang praptanipun | marêk marang sang palinggih | pan winulang rèhing praja | patrap ngawulèng narpati | Ki Ageng Bêngkung sihira | sring binêkta mring Songpati ||

16. Tuwin maring liyanipun | pêtilasan sadayèki | pasisir wukir wanarga | sakèh kang wêrit awingit | Ki Tumênggung Wiraguna | kikinthil datan mangêrti ||

17. Marang Ki Agêng ing Bêngkung | puniku yèn narapati | Sèh Mongraga lon ngandika | saking wingitirèng aji | ratu agung Waliyullah | anggêlar kêramat aib ||

18. Pan iku ana satuhu | paribasaning pralambi | sêrati tan wruh dipangga | kêmasan tan wruhing rukmi | kang dadya Ki Wiraguna | tan wêruh ratu kininthil ||

19. Mangkana malih amuwus | payo masuk ing Songpati | ing di(n)di. margane mring guwa | guwa kasaban ing warih | mangke kalamun alun rat | kêdah rikat lampahnèki ||

20. Nanging ta manawi dipun | guwa punika abisi§ Prayoginipun / aisi /. | anglinganging. nadyan mangkonoa | narah marang sang linuwih | manira angalap bêrkah | witne sukur wah utami ||

21. Sigra masuk Sèh Mongluhung | lan santrnira tan kari | wus prapta sajroning guwa | sumringèh ketampêg warih | alun ngêsuk ing jro guwa | rakiting guwa writ wingit ||

22. Pan sela itêm sauyun | apêtêng dalêm nglimputi | tan pati wiyar godhagnya | antara dangu sakêdhik | ngrêrêmêng sêmada padhang | wontên kori kang kaèksi ||

23. Ting palongo samya pintu | kanan kiri miwah nginggil | patuting kori akathah | kang benjo bundêr pêsagi | têludhag undhak-undhakan | sakilan wiyaring kori ||

--- 8 : 115 ---

24. Lus-lusan apatut-patut | dinuga tan sêdhêng janmi | lan wontên satunggal lawang | anèng sor marêp manginggil | patute kadya kaluwat | ngêluwêng angraras-ati ||