Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

444. MijilTeks asli: Mijil/Larasati.

1. Sèh Mongraga nèng guwa Songpati | jênêk tyasira non | lir tan nyipta umijil sing (ng)gonne | linging driya layak (n)jêng sang aji | jênêk nèng Songpati | patilasanipun ||

2. Angandika mring santrinirèki | lah cobanên kono | lêbonana lawang guwa kabèh | paran cêthèk lawan jêronèki | Wrêgajati aglis | Gorajati masuk ||

3. Nora sêdhêng awak dèn-ring-ngiring | ganti-ganti wong ro | pinêksa-pêksa tan sêdhêng kabèh | winaratan kori kanan-kering | myang kang ngisor dening | sangêt sêsakipun ||

4. Sèh Mongraga sigra anglêboni | kori kang mangisor | apan sêdhêng kewala anggane | pan kêpara logro wus lêstari | glis wus tan kaèksi | amblês ing asamun ||

5. Santrinira katri anututi | tan ana sêdhêng wong | saya mingkup lawang pangrasane | Baulapa lawan Wrêgajati | miwah Gorajati | dadya samya tunggu ||

6. Sèh Mongraga dènnira umanjing | jro guwa mangisor | tri ari tan ana wêkasane | ngampat nètèr nunjêm marang bumi | nut pangol sela-lit | kang samya mandhukul ||

7. Wusnya tigang dalu tigang ratri | Mongraga anèng jro | wontên pangol sela lus agêdhe | kandhêg rarywan nèng riku alinggih | angaringkên kapti | tapakur pitêkur ||

8. Asru pêtêngira anglimputi | angganya tan katon | pampêt ilang sirna waranane | datan ana lilabing pangèksi | sira Sèh Mongragi | ngikis raosing hyun ||

9. Mathêt kaênêngannya tan mosik | swuh tyasira mansoh | nir tan ana labêt saciptane | camplêng komplang angganya ngalithik | wus datanpa kardi | kantun ing alimut ||

--- 8 : 116 ---

10. Tigang Subuh layaping awingit | ngêningkên pandulon | ing antara sajroning pananepanone. | ana sabda tanpa swara (n)dêling | waliya ywa lari | dudu jalaripun ||

11. Narendra gung Ngèksiganda pasthi | karya jalaraning (n)don |Lebih satu suku kata: karya jlaraning (n)don. nir tang ing rèhira wus barêsêh | pan sêsangat sangêting mèmèti | ngangrêm ing Songpati | mèh panêtêsipun ||

12. Sèh Mongraga dènnira tarêkitatêki. | tanajulira lon | wus mangkana nisirèng amêne | angalêsêd dènnira alinggih | micorèng jro galih | ki apa tan uwus ||

13. Mèksi amblêng kang luwêng Songpati | anunjêm maring sor | sapa ingkang bisa ngandhasake | baya namung (n)Jêng Sultan Matawis | ingkang wus linêwih | wasis ing rèh samun ||

14. Pan mêngkana Ki Sèh Amongragi | dènnira nèng kono | dadya nêm ari rêke lawase | tyasira wus tuntas ing pangaksi | gya wangsul manginggil | nut watu mandhukul ||

15. Pamanjatira dadya tri ratri | mijile saking jro | prapta panggya kalawan santrine | Baulapa lawan Wrêgajati | Gorajati sami | sukanirèng kalbu ||

16. Baulapa aturira aris | amba gung kuwatos | kantos sangang dintên ing lamine | (ng)gèn-paduka sênêt nèng jro bumi | mangke sampun mijil | langkung sukur-sukur ||

17. Ambakipun amba tiyang ngriki | yêktinipun tan wroh | ing Songpati pan dèrèng marang ke | suwêgsawêg. lawan paduka puniki | lamun nguni-uni | ing pawartosipun ||

18. Sèh Mongraga angandika aris | pan iku luwih jro | lakon têlung dina mudhun bae | durung kandhas maksih anglèng bumi | sun rêsêp tri ratri | gya manira wangsul ||

19. Manjat têlung dina prapta iki | wong têlu anjomblong | myarsa Sèh Mongraga andikane | angling malih lah wus payo mijil | sing guwa Songpati | kang liningan gupuh ||

20. Pan umiring ing Sèh Amongragi | wus mêdal saking jro | ngantya rading alun samodrane | glis lumaris napak parang curi | nèng parung pasisir | sang anom nèng ngayun ||

--- 8 : 117 ---

445. Sinom

1. Yata Ki Sèh Amongraga | ingadhêp santrinya katri | nèng sandhaping wit kucila | mêmêntèr sumuking rawi | andhikanira aris | ing êndi malih kang samun | guwardi pêtilasan | kang liningan matur aris | inggih kathah kewala kang tilas-tilas ||

2. Lajêngipun sapangetan | kang samya wêrit awingit | mapan akathah punika | guwardi ing wana Giring | datan wontên kang nglangkungi |Lebih satu suku kata: tan wontên kang nglangkungi. kadi kang paduka jujug | Manganti ing Maladan | pun Cêlor lawan Songpati | mung punika guwa kang gawat kaliwat ||

3. Yata malih angandika | hèh Baulapa sirèki | wus sun-trima lakunira | tuduh tumutur ing kami | nuli andum basuki | sun-arsa laju lumaku | marang ing Kanigara | Baulapa matur aris | pan kawula kêdah andhêdhèrèk lampah ||

4. Tan nêdya mantuk mring wisma | kawula adrêng tut-wuri | Sèh Mongraga lon ngandika | lah ya wus sokur sirèki | anut wong kawlas-asih | lan sira sun-lih aranmu | Darmajati prayoga | matur nuwun kang sinung sih | dan umangkat mring Cêlor pondhokanira ||

5. Kyai Guru Jamil Jamal | nèng Cêlor ingkang winarni | sêlawe dina dènnira | tinilar ing Sèh Mongragi | saya wêwah kang santri | akarya têtarub agung | ambanjêng langkung wiyar | kang ara-ara aradin | ing lalêngkèh ardi Cêlor kaèbêkan ||

6. Têratag tarub bêlarak | angêndhêng sing grêng toya sri | wiyarira winatara | têlung pambêdhil pêsagi | santrinya jalu èstri | apan wolulikur-atus | têngah wisma gonjongan | pan joglo agêng winêlit | kang minangka masjid lamun Jumungahan ||

7. Kalangkung mukti wibawa | Kyai Guru Jamal Jamil | sinêmbah ing santri kathah | kêndhurinya sabên ari | ratri ojrat kêndhuri | alêlagon sru gumuruh | emprak agêgabusan | pangeram-eram angênting | sadaya wong desa-desa kagawokan ||

8. Byar enjing sami bubuka | ramya dènnya mênggak dhikir | kalêngêr pating sulayah | saujure tumpang tindhih | jalu kalawan

--- 8 : 118 ---

èstri | wor-winor carub matimbun | kang katon jroning pana | tan ana wênèh kaèksi | mung Sèh Amongraga nèng dhampar ingayap ||

9. Kinêbutan kering kanan | andum nuduhkên swargadi | ngapura donya akerat | mring kang samya buka dhikir | satangine anangis | kêpengin kalangkung ngungun | nuli munggah ing swarga | swarga gadhanganirèki | amêsthèkkên uripe luput duraka ||

10. yèn sore samya jaranan | wêlulang myang tampah tampir | kayu miwah wilah panah | solèt irus enthong ilir | kang samya dèntunggangi | bêng-ubêngan jroning tarub | sirigan congklangan |Kurang satu suku kata: sirigan cêcongklangan. obah dhadha malang-kêrik | lênggut-lênggut angalênggak langak-langak ||

11. liyêr-liyêr netranira | ambêcu tan ana angling | tingale salin pangrasa | lir wong anglilir angimpi | pangrasane nunggangi | jaran sêmbrani umabur | ngayêngi awang-awang | andulu sawarga adi | patamanan samya ngunguwung sarwendah ||

12. Kitri-kitri amangkawa | prêdapa ambalêrêngi | samya rinamês ing jaran | sêmbrani kang mêmangani | santri bungah kêpati | pangrasane lir satuhu | yèn wus tutug mangawang | samya niyup mudhun sami | dheyang-dheyang mudhune anglêr kapenak ||

13. Lamun jog praptèng bantala | byar pandêlêngannya salin | mulih pandêlêngan saban | turangga mulih lir nguni | samya lungguh mangarsi | asila kapang atêpung | nèng ngarsane gurunya | Jamal Jamil kang siniwi | tan winuwus yata wau ingkang prapta ||

14. Ki Ageng Sèh Amongraga | lawan santrinira katri | Ki Wrêgajati kalawan | Gorajati Damarjati | Wrêgajati wèh uning | lamun Sèh Mongraga rawuh | gupuh kang dhinawuhan | amêthuk kang lagya prapti | para lurah santri samya tumut mapag ||

15. Wus tundhuk andhodhok nyêmbah | uluk salam Sèh Mongragi | sinauran santri kathah | gumuruh samya nauri | Darmajati duk mèksi | mring santri kathah angungun | wêwah jrih sungkêmira | sêdyandhêm kèrêm ing gusti | santri kabèh (n)dhodhok mire ngering-nganan ||

--- 8 : 119 ---

16. Sèh Mongraga gya tumama | nèng tarub agung miranti | nèng wisma joglo gonjongan | linangse ing sinjang putih | sadaya apupuji | wulangun myat gustinipun | cahyane kilah-kilah | sumilak wênês awingit | ingkang sabên katon anèng pasuhulan ||

17. Mangkana Sèh Amongraga | ngandika mring Jamal Jamil | saiki apa wus dhangan | santrimu kang (n)don birai | wuwuh pira kang prapti | wong padesan urut gunung | kang liningan turira | inggih pangèstu sang yogi | kalihèwu wolung atus kathahira ||

18. Akarya tarub punika | ngling malih mring Jamal Jamil | lan desa ing Kanigara | paran kêna dèn-ênggoni | lêgane kang (n)duwèni | bêbêkêl Kanigarèku | desane saupama | dadiya ênggonne santri | Jamil Jamal umatur samya anêmbah ||

19. (n)Jêng tuwan adhawuh sabda | asung panggenaning santri | ing Kanigara kinarsan | kawula sampun anitik | inggih langkung prayogi | pan punika bêkêlipun | wasta Wanamênggala | akathah krandhahirèki | ragi kapuwara urut pawukiran ||

20. Kang (n)dombani paparentah | karya tatarub puniki | Sèh Mongraga angandika | kon maju kêparèng ngarsi | Ki Jamal sigra nuding | mara majua umatur | sigra ingkang liningan | majêng tumungkul ngabêkti | Sèh Mongraga ngandika lir guladrawa ||

446. Dhandhanggula

1. Ingong tanya marang ing sirèki | Wanamênggala pomahanira | ing Kanigara bêcike | para santri sêdarum | dimèn kumpul asalu pranti | nèng desa Kanigara | supaya mundhak gung | arjaning karajan desa | nêmbah Wanamênggala umatur sari | inggih dhatêng sumangga ||

2. Tan sumêlang ing karsa sang yogi | lamun taksih pun Wanamênggala | kados tan cuwa karsangrèh | Sèh Mongraga amuwus | iya bangêt tarima-mami | utama sêtyanira | sumarah karsèng-sun | lan sira sun wèhi aran | ajênênga ya sira Atuhujati§ Prayoginipun / si Tuhujati /. | kang sinungsih anêmbah ||

--- 8 : 120 ---

3. Angandika malih mring Ki Jamil | lurah santri kabèh dhawuhana | kon nêgor kayu kang gêdhe | sun-karya masjid agung | dadya pêndhak ing dina iki | dêgna ing Kanigara | lah wis ta dèn-guruhgupuh. | Jamil Jamal gya parentah | marang para lurah-lurah sadayèki | samya matur sandika ||

4. Sigra lèngsèr sakathahing santri | maring wana anêgori wrêksa | samêkta sagêgamane | rit-bapang pêthèl wadung | pasah tatah samya miranti | santri lanang sadaya | anêgori kayu | agêng-agêng rinêbahan | kumêbras lir gudêbog kewala sami | êmpuk datan rêkasa ||

5. Miwah panggawenepanggawane. tan ngawrati | ampang lir nyangking kapuk sakranjang | samya gumun sadayane | adat lan majadipun | adat atos awrat ingambil | mangka mangke mêngkana | tan rêkasèng bau | wêwatêsing ingukuran | tinêtêsan lêlanjon cathokan dhamis | rapêt tan ana rênggang ||

6. Sirah gada kêbênthung kinancing | dudur pangêncêng usuk pêngarak | dêlurung adoh takire | blandar pangiwanipun | pamidhangan kang sunduk-kili | danyang lambang pênanggap | goco saka-guru | myang rawa cèlèng talundhak | jênêng pangimaman mimbarnya pinipil | inêb gêbyog ngêplukan ||

7. Kalowongan bêdhug gya winingkis | sêrambi myang gandhokira kanan | miwah pasrambèn parèstrèn | ramut sadayanipun | wus rinagang tan ana kèri | rinayap santri kathah | têlung dina rampung | laju kinèn ngadêgêna | anèng dhusun Kanigara wus rinakit | ancêre inganjêran ||

8. Nulya binodhol rancangan masjid | andalidir sêlur sêsêmutan | kewala laju adêge | sami sadintên rampung | srambi ngayun lan kanan kering | pagêr gêbyog korinya | kampungrampung. sadaya wus | pinayu sadintên dadya | balumbangnya ingilènan toya kali | langkung asri dêgira ||

9. Pêlataran ngarsaning surambi | rêng-rêng tinaruban ing bêlarak | sapêlambang panglajure | para santri andulu | langkung eram sakèhing jalmi | tan mantra mêntas dadya | tèntan. na labêtipun | kadya wus lami taunan | kyai guru nulya mring Cêlor tur-uning | ingiring santri kathah ||tabêtipun.

--- 8 : 121 ---

10. Prapta ngarsanira Sèh Mongragi | nêmbah umatur sampun kawula | paduka duta wiyose | akarya masjid agung | dadosipun ing pêndhak ratri | punika sampun dadya | pitung dintên rampung | tan wontên ingkang kuciwa | saking sabda tuwan kêlangkung rêspati | Sèh Mongraga ngandika ||

11. Ya wus sokur Alkamdulilahi | panggrayape santrimu sadaya | wus sun-tarima sakèhe | sesuk Jumungahipun | anganyari masjid kang dadi | dene panggonaningwang | lir sabên katèngsun | iya anèng pangimaman | lêlangsenên kadya mimbar ywa kaèksi | Jamil Jamal tur sêmbah ||

12. Inggih sampun prayogi miranti | yata ing wanci akiring Asar | Sèh Amongraga karsane | pindhah mring masjid gung |Kurang satu suku kata: pindah mring masjid agung. (n)dan umangkat Sèh Amongragi | ingiring santri kathah | sêlawatan umyung | lêlagon landhung lon-lonan | ngayat-ayut rampak tan ana sarênti | gumêr arum swaranya ||

13. Singirira pan kalimah kalih | ingurung-urung ing kering-kanan | santri pangarsa lampahe | wus prapta masjid agung | Sèh Mongraga lagya lumaris | ingiring para lurah | kering-kanan pungkur | kadya pêngantyan ingarak | Sèh Mongraga ing mêrga pan sampun prapti | masjid gung Kanigara ||

14. Tumamèng pangimaman Mongragi | tinangkêban langse tundha tiga | rinangkêp gubah langsene | santri samya umangsuk | maksih samya lêlagon singir | lungguh têpung akapang | myang surambi pênuh | dilah ing tarub malatar | nulya suwuk kang samya sêlawat singir | gya kinèn jêjaranan ||

15. Ting caremplo anyengklak turanggi | jaran walulang myang ilir tampah | wilah papan irus solèt | bugêl kayu lan munthu | pan sadhengah dipun tunggangi | jalu èstri lan bocah | nunggang kêlut sapu | pra samya jaran-jaranan | tan karuwan lurah santri jalu èstri | kadya êmprit anêba ||

16. Bêng-ubêngan gumrêdêg swara tri | nulya mêdal kambu abubulan | ngetan mring Cêlor paranne | [...] |Kurang satu baris: 7u. kèh èmbaneembane. nongklang anirig | mêndhapan ajojogan | adheyan kang mamprung | angêterang nongklang mêdhar | kèh solahe santri berag ambêsusi | solah murwèng

--- 8 : 122 ---

turangga ||

17. Obah dhadha srêg anumpang-kèli | amêthèngkrèng miring taricigan | kaluyuran amèlètèr | anyunyuk lênguk-lênguk | wiragane anèng turanggi | andhangak langak-langak | wênèh manthuk-manthuk | ayab-yaban ting kareyab | para santri praptèng Cêlor lêngkèh ardi | têtarup ngara-ara ||

18. Dêr-idêran sakathahing santri | samya (m)becu tan ana angucap | netrane ngêringin kabèh | namung kasruging suku | gumarêdêg kadya rug ardi | anglarug bêng-ubêngan | jroning tarub agung | atata tan salang-tunjang | rêke sami kewala pangrasanèki | têledhang marang tawang ||

19. Mêratani kang markata ngrêmik | kadya kitri munggèng pêtamanan | ngêndhêng ngunguwung pagêre | gumilap abra murup | ana kumalêndhang lir lungsir | manjêthi raras pita | awilis bang wungu | jalada ujwala maya | maya-maya andrawêla angawêngi | tumeja majang wulan ||

20. Kèh kaèksi saisining langit | ambêlêrêng obar-abir endah | nêmbe myat mega rumêmbe | sadaya pan kadyèku | sami salin pangrasanèki | pan kokonanging mata | kang dadi pandulu | neka-nekaning paningal | katon taman-taman adining pangèksi | kaya iya-iya a ||

21. Wanci tunggang-gunung Sang hyang Rawi | samnyasamya. niyup saking ing gêgana | liyêr anglêr pangrasane | kêmput sadaya mantuk | saking Cêlor maring ing mêsjid | praptèng natar taruban | ajêjêl supênuh | mudhun saking patunggangan | ting cakekal byar pulih sawèntèhnèki | pandêlêngira saban ||

22. Jaran mulih lir ajale§ Prayoginipun / lir asale /. nguni | para santri wus tata angayap | nèng masjid srambi tarube | nulya sami akukus | olah-olah akarya bukti | wus matêng amamangan | miwah kyai guru | akathah punjunganira | saking dhusun-dhusun ingkang têbih-têbih | rampadan jodhang regang ||

--- 8 : 123 ---

23. Kèh kang atur-atur pan anggili | (m)balêbah sêkul ulam panganan | ki guru langkung muktine | pra santri mamah-mumuh | anggalêmbus warêg kênduri | malênthi manthag-manthag | kèh (m)balêndhing nyêmpluk | wêtênge pra santri kathah | ambêdhèdhèh kêmpung lêmpènge anjêmbling | labête krêp mêmangan ||

24. Wanci bakda Ngisa akirnèki | yata Kyai Guru Jamil Jamal | ngumpulkên para santrine | kêrsa dhikir Maulud | selawatansêlawatan. ojrat ripangi | rahab malêm Jumungah | anèng masjid agung | Ki Guru mundhut tarêbang | sêlawe prah lan kêndhang pipitu tuwin | angklungira sawidak ||

25. Pinilihan lurah santri-santri | kang samya bisa narêbang ngêndhang | wus samya miranti kabèh | trêbang kêndhang myang angklung | sampun sami samêktèng ngarsi | Ki Guru Jamil Jamal | alon dènnya muwus | sarwi anyêntak tarêbang | lah payo padhojrat lagon ripangi |Kurang satu suku kata: lah payo padha ojrat lagon ripangi. pra santri tur sandika ||

26. Kyai Guru ambawani dhikir | ngêlik sajak Karang-kabuyutan | kalimah loro bawane | lagonne Sêkar Gadhung | swara kalih sora agilig | kadi swara satunggal | saking mor abarung | ulone rada mêjana | lêmpêng saru ngêlik angêbêki masjid | lailaha Ilallah ||

27. Nulya santri kabèh naurani | sru gumuruh lir pangriking kalakudha. | gêdhor sakane sinèndhèn | barung trêbang patlikur | kêndhang pitu angguguk nitir | gumêr angklung sawidak | wor swara gumuntur | ngêmandhang ngêbêki tawang | ajêguran lir blendrong grahana sami | arame gogobyogan ||

28. Tanpa rungyan sru swaraning santri | wor lan gêbyuring alun samodra | dènnya talu sadinane | santri rahab kêlangkung | cipta datan kêsêl (n)jrit-anjrit | mangkana wus antara | dangu nulya suwuk | aso samya sesambenansêsambenan. | nginang udud wênèh santri ngêbayani | ngrukti wedang panganan ||

29. Wedang têmu pan kinadhuk lêgi | cèrèt lan cangkir namung rong dhulang | sadhulang mring guru dhewe | miwah pangananipun | kalih wadhah isi mêpêki | maring guru sawadhah | kang sawadhahipun | mring santri sadayanira | cèrèt wedang panganan ki guru angling | payo ing kene padha ||

--- 8 : 124 ---

30. Ngoyag-oyag janggut ngêlus gusi | santri sadaya èwêd saurnya | wedang panganan sapele | tar ana kang umatur | angling aris Ki Jamal Jamil | dhulang mara midêra | ladènana gupuh | santri kabèh kang warata | aja kongsi dadi gawening pra santri | ubêngêna priyangga ||

31. Sigra dhulang cèrèt lawan cangkir | angayêngi sakèhing santrinya | cèrèt angêcuri dhewe | yèn kasuwèn tan nginum | irungira dipun-êcuri | ing wedang gêragapan | gya ngombe calêguk | miwah dhulang pêpanganan | midêr dhewe santri ganti anjupuki | sasênênge priyangga ||

32. Wedang panganan lari pribadi | maksih wutuh tan kalong pinangan | ijih bae ijih bae | santri warêg sadarum | datan ana kurang nyanyamik | samya gawok sêdaya | mring kawignyanipun | Kyai Guru Jamil Jamal | tuhu lamun kawasa èdi sayêkti | ngluwihi guru kathah ||

33. Yata Kyai Guru Jamal Jamil | yèn wis aso payo padha lêkas | pra santri sandika ture | adan lêkas bawa sru | wong sêlawe bawa asingir | Bismilahi amina | lilahi amanu | tinampanan santri kathah | Bismilahi hi amana Bismilahi | amana mana lilah ||

34. Sarta têrbang kêndhang angklung |Guru lagu seharusnya: 10i, Sarta trêbang kêndhang angklung kalih. samya angantêb panabuhira | lir bêdhah brah tarêbange | pong ping pêg dhêng dhung brang brung | plak plak plak blang kêtong ting tong gring | thung plêk thung plêk dhong dhung brang | plak plak klir klur thir thur | krak clung krak clung blang prung prung brang | grug ngug grug ngug pyak byang pak byang dhang thung thung gring | pêp pêp bah dhung brang dhung brang ||

35. Rame gumuruh gumêdêr atri | tan etang rak sru sinuwak-suwak | jalwèstri rare sêdène | tan ana santri minggu | samya suka bingah kêpati | samyèmprak gêgabusan | myang sumbu-sinumbu | agèsrèk udêr-udêran | sasênênge pêpênthungan linggis wêsi | kang ajur kang wêntala ||

36. Kêkancuhan ora pilih tandhing | èstri mungsuh lare miwah lanang | mungsuh lawan èstri lare | ana sababagipun | padha tuwa lan padha cilik | wadon samya wadonan | samyèmprak gêgabus |

--- 8 : 125 ---

patèn-pinatèn tan beda | ingkang rênyêk ajur mumur rontang-ranting | gêtihe dêladagan ||

37. Ingkang gosong binakar ing gêni | pating jalêmpah bathang kang emprak | tuwa nom pikun myang rare | ana kewala tatu | gêrêng-gêrêng sambat ngririntih | glasaran kalèsèdan | nangis kawlas-ayun | wong nonton gawok tumingal | pratingkahe santri angidap-idapi | kwèh (n)jêngêr myang karuna ||

38. Salang gumun tan ana mangêrti | ana dhêlêg-dhêlêg gêtun mulat | nora na cumuwit kabèh | mangkana kyai guru | nuduh santrinira pawèstri | kinèn angidêrana | kabèh ingkang lampus | sarwi anggawa tarêbang | Kyai Guru nabuh angklung anèng wuri | nyênggaki kang ngaojrat ||

39. Sarta santri-santri wus winangsit | pratingkahe soroge kapiyat | ojrat linakon sabêne | iruping pangrasa wus | wus katampan mring santri èstri | mangkana singirira | ulung sambêr ulung | yamale yahu maola | si ulung mati ngêlayung mole rokin | pidayakun mangkana ||

40. Swara kênya mêthit anjalêrit | gêtas rênyah êngêse wilêdan | ambêlèr ati rarase | anganyut manis arum | angrês raras amuntir ati | lir ulung kapipitan | kang miyarsa linglung | kumêsar manah dhêg-dhêgan | ngondhok-ondhok kang singir kadya nangisi | mring kang samya kêbranan ||

41. Sêmbada lah kang kadya nangisi | wong ro saplak ulone tan gonjing | nyamlêng lan pêparikane | na tangis layung-layung | ing tangise wong wêdi mati | anangis ngaru-ara | wêdi lara lampus | gêdhongana kuncènana | yèn wus pasthi ya hualah ya ilahi | mangsa wurunga pêjah ||

42. Aja sira turu-turu lali | bangun bêdhug têlu atangiya | mujia ing Pangerane | sucèkêna badanmu | lah dusana banyu rabani | jasmani bilasana | gêragatulahu | banyu saraban tahuran | sukma-jati eling sajatining urip | mulya jati wasesa ||

43. Sampurna mulya têmahan jati | jati têmahan sampurna mulya | wong donya baliya manèh | mring donya kamulyanmu | tolihên kêkasihirèki | hêm hêm hêm lah tangiya | ayu ayu ayu | mangkana

--- 8 : 126 ---

pangojratira | èstri roro ngapit guru Jamal Jamil | sawusnya têmu-gêlang ||

44. Ingkang samya pêjah miwah kanin | sampun sami mulya sadayanya | purna lir wingi-unine | samya emprak abikut | têrbang magênturan sru muni | kêndhang ciblon tatabannya |Lebih satu suku kata: kêndhang ciblon tabannya. bêbanggèn kang angklung | kang emprak akiprah-kiprah | wanèh ting cêlolo ngêlithu athi |Kurang satu suku kata: wanèh pating cêlolo ngêlithu athi. anjêngkit jingkat-jingkat ||

45. Suka-suka sakèh kang ningali | wong desa-desa katêmbèn mulat | durung wruh sajêg ngumure | kabèh tan ana mantuk | cipta rèmèh masuk birai | urut wong pagunungan | jalwèstri kumêrut | tan ana rate sadina | saya wêwah mawêwah kèh masuk santri | mring krajan Kanigara ||

46. Wus antara dènnira ripangi | lingsir dalu wanci bêdhug tiga | agupruk nêsêg lagonne | ngêndhêlong nulya suwuk | langkung ngatêk babakanèki | santri aso sadaya | mêntas lagon dangu | samya ngaring-aring napas | lurah santri ana ingkang ngêbayani | mêdalakên ambêngan ||

47. Rolas ambêng mêjana gêngnèki | lan ambêng panganan rolas dhulang | kinêpung ing santri kabèh | rongèwu-wolungatus | kyai guru ingkang (n)dongani | amine (m)bal-ambalan | ramyambata rubuh | sawusira dinonganan | Kyai Jamal Jamil ngling anuding |Kurang dua suku kata: Kiyai Jamal Jamil angling anuding. wis bagènên kewala ||

48. Yèn kêmbula angêpung kêndhuri | sêsak tanganmu nora kacakan | bêcik ngur bagènên bae | agampang nora ewuh | tur wêrata padha ngijènni | anyêtampah-nyêtampah | sapangananipun | sigra para lurah-lurah | nuding ngambil kêndhuri aganti-ganti | ambêng tan têlas-têlas ||

49. Wus warata sadayaning santri | cukup myang rare samya nyêtampah | camplêng datan kurang luwèh | kabèh wong padha gumun | kasêktène ki guru kalih | yata nulya bubaran | arip sami turu | kang nonton mulih sowangan | sêdyanira mulih ngambil bêras pari | bumbu myang arta sinjang ||

--- 8 : 127 ---

50. Sêdya wangsul umasuk birai | samya kêpengin gampang sinêdya | dadya sabarang ciptane | ing dalu tan cinatur | byar enjang gya bubuka sami | angguyêr kêpalanya | niba ting gadêbug | lapake anênggak napas | anggêlasah asungsun timbun matindhih | lir babadaning pisang ||

51. Wor-winor lan jalu miwah èstri | sadhengahneya kang kêtindhihan | kang kawudan bêcik bae | tan ana hukumipun | wus tatane wong dul-birai | singa mênang suwalnya | sala-silahipun | santri kang kasor ngèlmunya | asrah jiwa raga myang bojonirèki | katur sumanggèng karsa ||

52. Yèn ta ana karêpe ki santri | amêngarah èstri sadhengahnya | tan ana walêr-sangkêre | kenging kewala wor hyun | wus mangkono tabiyatnèki | anggêr luhur kawruhnya | kang kasor sumungku | angguru ngakên panutan | tan rumangsa malang sakarsanirèki | badan datan suwala ||

53. Antara wus dangu dènnya mati | kongsi gumatêl-gatêl kang surya | lingsir wetan panglilire | tangi pating badhêngul | dhêlêg-dhêlêg (m)barêbês-mili | kêsotan ngunjal napas | aso ngangsur-angsur | myat swargane saya cêdhak | samya cipta ge-age manjing ing swargi | mila tan etang (ng)gombal ||

54. Nadyan ngrabèt anèng donya ngriki | wus bingah myat badhe minggah swarga | iya besuk ing kanane | ing sandhang nora ngingus | mila sami pating saluwir | kêmul bêbêd narima | amoh-amoh cukup | sawusnya samya bubuka | para santri samya adus maring kali | kali Kelor kèbêkan ||

55. Ting kacêbur ciblon sarwi dhikir | gela-gelo lêlagon abungah | wor-suh tan ana sisigèn | saking krana-lahipun | nadyan siwo-siniwo kenging | pan kosok-kinosokan | èstri lawan jalu | guguyon bèbèk-bèbèkan | asêsamur siratan banyu pra santri | (n)jron banyu gêgarapan ||

56. Egal-egol gobag-gabig dhikir | rada tilase wong mamênculan | brêkat wong lanang wadone | dhasar datan sinartu | kulinanya jalu lan èstri | tan ana winangênan | nir tan ana kukum | mila ing pratingkah lumrah | kang mangkono mangkene tan dèn-wangêni | tatane wong dul-dulan ||

--- 8 : 128 ---

57. Wusnya tutug dênnya dus pra santri | samya mêntas ngambil toya kadas | ana ingkang banjur bae | tan nganggo toya wulu | dènnya mangkat salat mring masjid | nora-na ragan-ragan | mèmèrètan bêsus | kêmul bêbêd bae dadya | santri kalihèwu-wolungatus luwih | sandhangnya ting kêrumpal ||

58. Nora nana kang marênèng siji | saking suka-rênaning panrima | tur saking nora gablêge | rupane sêbut-sêbut | kêrêp mangan tan dadi daging | kuwat-kuwate nyandhang | ukur bae wutuh | kèh ngangge tambal-tinambal | suprandene atine kaya wong sugih | abungah suka-rêna ||

59. Yata sakathahe santri-santri | kang mring masjid salat Jumungahan | supênuh jaba-jêrone | awit kang salat wulu | namung lajêng kewala dhikir | gumrêmêng tanpa rungwan | tan antara bêdhug | (n)dhêrandhang wus samya pêrak | sinalahan bêdhug cêp tan ana muni | gya Jamal mangasiral ||

60. Amêthènthèng angalangkên êcis | praptèng akir dènnya mangasiral | donga lingindhil§ Prayoginipun / Lingindil /. Islame | aminira gumuruh | Kyai Guru Jamil ngajoni | munggah kutbah ing mimbar | ingadanan sampun | apan kutbah wali-sana | swara agêng êmpuk gumrêmêng amanis | dangu dènnira kutbah ||

61. Wusnya akir lajêng donganèki | rame amine ambata-rêbah | sawusnya tamat dongane | Ki Guru Jamil gupuh | kamat sigra sakèhing santri | ngadêg pêrlu Jumungah | muballahe asru | (n)Jêng linuhung Sèh Mongraga | angimani§ Prayoginipun / angimami /. nulya angangkat usali | paralal§ Prayoginipun / parêlal / = fardol [fardlu]. Jumuwatan ||

62. Raka-atil imaman lilahi | tangala Alahu-akbar nulya | muballah asru takbire | sadaya ngangkat parlu | jawi lêbêt wus sami takbir | kang nora bisa samya | enggok-enggok lumbu | tumut rubuh-rubuh gêdhang | nora nganggo êmèl sapraboting takbir | milu awak kewala ||

--- 8 : 129 ---

63. Ngadêg rukuk sujud miwah linggih | tiru-tiniru kiwa têngênnya | tan bisa sarêng polahe | bêrkate wong la-ilu | kang dèn-aji amung birai | ngucap dhikir kalimah | salat dèrèng surup | anut ing ngarêp kewala | kang tan pêgat dhikir andrêmimil ririh | bedane asêmbahyang ||

64. Sèh Mongraga dènnira ngimami | sawusing Patekah suratira | Inna-anjalna awale | waniti§ Prayoginipun / Watini /. akiripun | adêgira dipun-kunuti§ Dipun dongani Qunut /. | tahyat anulya salam | bakda salatipun | arahab puji dhikirnya | wus paragat lajêng sêsalaman sami | angadêg bêng-ubêngan ||

65. Amongraga tan bisa ngoncati | astanira anggantung kewala | rinêbut salam wong akèh | jalu èstri ngarubut | sawusira salaman sami | kang bisa nulya sunat | bakdiyatanipun | sampunira bar Jumungah | gya kêndhurinira apêm winaradin | -akên ing santri kathah ||

66. Ngênêm tangkêp wong sawijinèki | tampelanganing godhong akêkah | apêm mabur mara dhewe | warata sadaya wus | jalu èstri myang rare alit | tan susah andum barkat | prapta dhewe sampun | bubar mring panggenanira | wancinira rare ngucul para santri | samya berag-beragan ||

67. KyauKyai. Guru karsa mring jaladri | kumêbul santri ngiring sadaya | jalwèstri marang gurune | kambu mring samodragung | pan kumêrap lampahing santri | antara saonjotan | saking pondhokipun | praptèng têpining samodra | karsanira Kyai Guru Jamal Jamil | ngêrumbah amèt mina ||

68. Alon muwus ki guru mring santri | kabèh lan payo padha ngurêmbah§ Prayoginipun / ngêrumbah /. | mèt mina manawa olèh | ki guru karya prau | janur kuning kang dèn-tunggangi | nuding santri sadaya | kinèn amêrau | ngêrumbah maring samodra | sigra samya mêrau kèh warnanèki | kang mrau godhong dhadhap ||

69. sawênèh kang mrau godhong wringin | miwah wilah papah tatal rontal | godhong nangka lan godhong prèh | kang mrau

--- 8 : 130 ---

sêpah têbu | godhong suruh miwah calumpring | santri sadaya nira | wus samya anyêmplung | kang mêrau wulu êlar | wus manêngah kang samya ngêrumbah mancing | jêkak-jêkèk nyêkekal ||

70. Samya bungah-bungah olèh mancing | angêlangut nèng têngah lautan | nutug saparan-paranne | silêm dharatanipun | kang katingal toya lan langit | katêmbèn pratingkahnya | wruh têngahing laut | ngênting suka-bungahira | wruh sakèhing iwak sagara sêkalir | gêng-alit warna-warna ||

71. Gêng sagajah saomah sakonthing | aliwêran sagunung anakan | gawok mulat pangrasane | tan mamang lir satuhu | sajatine anèng gigisik | mangkag-mungkug wus kadya | amêlahi prau | awake tan lunga-lunga | lungguh bae moyag-mayêg egol gigir | netrane rêm-rêm ayam ||

72. Kang mangkono pratingkahing santri | pan gunane guru Jamil Jamal | ngirup sakèh pangrasane | kang dèn-irup tan surup | ing cinthunge Ki Jamal Jamil | susulap ngèlmu karang | mrih mangunahipun | kèdhêp sapadhaning janma | ingkang andon-cipta pangrasane minggir | saking têngah sêgara ||

73. Angsale ulam dènnira mancing | wus pinangan nèng têngah lautan | têlung dina pangrasane | warêg tan mangan sêkul | amung ulam sabên binukti | warêg iwak samodra | ing pangrasanipun | wus samya praptèng pinggiran | samya mêntas nut alun anèng gigisik | byar pandêlêngan saban ||

74. Kyai Guru parentah mring santri | malah samya kinèn jêjaranan | kadya sabên pratingkahe | myang nunggang ambèn lêsung | gêdhèg galar pêngaron kêndhi | miwah anunggang lincak | myang lawang (m)pyakipun | ambodhol omah satunggal | omahe wong gawe uyah ing pasisir | rinêncak tinunggangan ||

75. Pan kumêrap sakathahing santri | gumarêdêg kang jaran-jaranan | samya mabuk pangrasane | ngungkuli samodra gung | angayêngi ing ngawiyati | myat ngawiyat sêgara | saparan anglangut | wruh wiyarrewiyare. ing samodra | myang jêmbaring langit pangrasanirèki | wruh surya manjing mêdal ||

--- 8 : 131 ---

76. Mayêng-mayêng langlang marang langit | nusup alas sasêlaning lintang | taman-taman adi aèng | anunggang ambèn lêsung | pangrasane jêmpana joli | êmpyak katon wimana | myang puspaka murub | miwah paraboting jaran | abra murub dalah jaranne sêmbrani | kumêlap kadya kilat ||

77. Kabèh mancorong ambêlêrêngi | tur ta iku angrèrèwèng êmpyak | ambèn lincak lawan gêdhèg | lumpang alu myang lêsung | iyan lan lawang lan patang aring |Lebih satu suku kata: iyan lawang lan patang aring. kang samya dèn-dhêdhabyang | wong loro têtêlu | miwah wong nêm wong sêsanga | anggêgèwèng sadaya ginawa mulih | mring dhusun Kanigara ||

78. Ting kêreyap gumrêdêg lumaris | samya ambêcu tan ana ngucap | lir wong anglindur sajake | lumaku ting kaluyur | cangkêm mingkêm netra maringin | wus wruh adat wayahnya | dènnira tumurun | sabêh tungganging ancala | pangrasane mudhun saking ngawiyati | cumlorot lêr kêpenak ||

79. Para santri wus prapta ing masjid | sarêng dènnira mudhun tunggangan | byar mulih dêlêngan wèntèh | kang lêsung mulih lêsung | kabèh mulih ajale§ Prayoginipun / asale /. nguni | sawusira mangkana | pan samya angukus | lah-olah kang sêga jangan | wusnya matêng mêmangsan pra santri-santri | wong kathah ting kucapah ||

80. Bakda Ngisa wayahe kang wêngi | Sèh Mongraga mijil sing krobongan | kyagêng anglela lênggahe | pangandikanira rum | marang Kyai Guru kêkalih | mêngko padha singiran | pêpakna santrimu | kang rahab dènnira ojrat | manira yun wruh solahing santri-santri | kang padha tarêbangan ||

81. Guru Jamal Jamil matur aris | nuwun sandika sumanggèng karsa | sigra anuduh santrine | ngumpul nèng masjid agung | ing surambi têtarub jawi | santri akèh akapang | têlung (ng)gon alungguh | kinèn angumpul sadaya | nèng sajroning masjid wus tata miranti | têpung salurah-lurah ||

82. Pandam sèwu amyang amêrapit | sabên kang saka satunggal-tunggal | diyan sèwu sadayane | Ki Guru Jamil muwus | rada sompok (ng)gonmu alinggih | pagêr gêbyog ing ngarsa | beladhahên [bela...]

--- 8 : 132 ---

[...dhahên] gupuh | tawingêna kering-kanan | sigra para santri ambêladhah aglis | rampung sami sakala ||

83. Pan wus ombèr kang sami alinggih | masjid têpung ing srambi akapang | ki guru pangandikane | mundhuta têrbang satus | lawan kêndhang sèkêt dèn-aglis | lan malih amundhuta | angklung têlung-atus | kang liningan para lurah | gupuh nuding mring santri sigra lumaris | tan dangu praptèng ngarsa ||

84. Katur kang têrbang mring guru kalih | wus pininta santri kang narêbang | sèkêt santri èstri bae | sèkêt kang santri jalu | lawan sèkêt ingkang ngêndhangi | kang angklung kathahira | santri têlungatus | nulya lêkas salawatan | Bismilahi hi amana Bismilahi | amana manalilah ||

85. Sinauran gêr swaraning santri | tri gumuruh gumlêgêr lir gêrah | kadya rug prabata lèngsèr | barung tarêbang satus | kêndhang sèkêt angklung sru angrik | kumruwuk tanpa rungwan | gumrah pong bur pong bur | plak blang plak blang brung brang brung brang | tung plêk tung plêk klur klur thir thur dhêng dhung dhung brangGuru lagu seharusnya: 12i, tung plêk tung plêk klur klur thir thur dhêng dhung dhung bring. | pyak pyak byang pyung byang pyung byang ||

86. Wong padesan akèh samya pranti | lakon sonjotan kalih onjotan | samya ngrungu gumuruhe | ingkang lakon sabêdhug | kang sadina angêlon-loni | prapta lajêng anyabat | awis wangsul mantuk | mangkana dènnira ojrat | santri têlungèwu-patangatus nênggih | kang nonton langkung kathah ||

87. Lêkas rambah-rambah dèn-empraki | maju satus-satus kang angemprak | rarywalit jalu èstrine | karyèraming pandulu | gêgabusan têb-têban sami | samya bakar-binakar | kang suduk-sinuduk | kang gonyèh myang kang wêntala | datan ana labête angganirèki | kang ajur rênyêk pêjah ||

88. Kang tinêngkêr-têngkêr gêmbungnèki | gêtih nêmbur-nêmbur dêladagan | ingkang kinêthok êndhase | ususe ngandhul-andhul | kuleweran anggêgilani | kêpruk-kinêpruk samya | buncur§ Prayoginipun / nyunyur /. tan kapupu | kinumpulkên bangkenira | ingkang mênang mundur rèrèn samya linggih | ki guru sigra ngatag ||

--- 8 : 133 ---

89. Kinèn numpuk kayu lawan wêlit | sigra rinukti sami sakala | sinulêt ing obor age | ingobong bangkenipun | gêni mulad-mulad andadi | sundhul molo gêninya | urube gumrubug | wong nonton kuwatir mulat | nyana lamun lajêng kobar kang surambi | saking gênging dahana ||

90. Kyai guru nuduh santri èstri | sêkawan kang bêcik swaranira | lilima santri lanange | kang papat nabuh angklung | santri ingkang siji ngêndhangi | kang kinèn sigra mara | angubêngi latu | nulya samya kinêthokan | gulunira tugêl bêt (n)dhas tibèng siti | asindhèn galundhungan ||

91. Rahnya lurah-lurah anyêmburi | sirah galenteran lir kekeyan | samya ngubêngi gênine | asingir nganyut-anyut | runtut barung datan sarênti | sirah sindhèn tan ewah | gêmbunge lumaku | kang narêbang maksih nêrbang | miwah ingkang ngêndhang ngangklung maksih ngênthir | midêr gêmbung kewala ||

92. Gêmbung narêbang kipyah ngêpipir | sabêbanggèn sêlaning irama | kêndhang anduduk gêdhuge | angklung imbal kumlunthur | gêtih maksih dêrawas mili | dhadha gigir ngadidangwadidang. | jarit kêbês marus | sumlêngêrên kang tumingal | ulatira pucêt tan ana cumuwit | mêngkarag kamigilan ||

93. Nêmbe tumon angebat-ebati | gêmbung maksih lumaku kapenak | êndhas galundhungan sindhèn | ngubêngi gêni murub | ngalik-alik swararum manis | lir sambating lêlara | nangisi kang lampus | wong nonton samya ngrês mulat | ting salênggruk wênèh anjrit lir kêpatin | kèh kang karasa wêlas ||

94. Sêmbada lawan swaraning singir | kadya suling barung rinêbaban | abêning gumrining ènthèng | wilête nganyut-anyut | nadyan sami santri kèh nangis | singirira mangkana | ana gêni murub | urube gêni nêraka | kang anglêbur dosane kang buka dhikir | ngilangakên duraka ||

95. Talêcêr jati urubing gêni | rênuk jati kukusing pawaka | karêngês jati arênge | kayu badan suksma-gung | jati mulya langgêng ing urip | urip tan kêna rusak | ayu ayu ayu | mulya têmahan sampurna | byah cêndhala tiba lir mani kang kari | Suksma langgêng wisesa ||

--- 8 : 134 ---

96. Wusnya singir santri kang ngubêngi | gêmbung sirah ambyur ing dahana | mrêkotok krunyus banène | êndhasnya sami (n)jêblug | kang ningali njêlih ih ih ih | Allah Bismilah setan | priye kuwe iku | mêngko dadine kayapa | wusnya nêbut klakêp tan ana cumuwit | andongong kagawokan ||

97. sami sêdhakêp gumun ningali | dahana murup pan dèrèng kêndhat | gumrubug kalangkung mèntèr | yata ingkang tinunu | bangke santri kang sami mati | mêtu saking dahana | urip ting jarêdhul | dèn-lokakên ing ngakathah | o we o we bilah padha urip maning | surak asumyak-sumyak ||

98. Myang têrbang kêndhang angklung sru muni | ginobyokan nduduk magênturan | lir grah gumuruh gora rèh | tanpa runyan§ Prayoginipun / rungwan /. saking syuh | wor aloke kang nonton sami | suka abungah-bungah | myat pratingkahipun | sadaya micarèng nala | nora jamak ki guru sêkti aèdi | akarya pangebatan ||

99. Kang angemprak angubêngi gêni | wus antara dènnya bêng-ubêngan | nulya sami kinèn mêne | gêni gêng maksih murub | kang narêbang sampun winangsit | cinadhuk ing tarêbang | gêni urubipun | angandhang jroning tarêbang | têrbang papat mêlong-mêlong padhang kèksi | gya mati anèng têrbang ||

100. Nulya sami linggih ngaring-aring | anyamikan wedang lan panganan | cangkir piring mara dhewe | santrine têlung èwu | kawêratan cèrèt sawiji | wedang tan têlas-têlas | myang pangananipun | Kyai Guru Jamil Jamal | (m)buwang blarak lan kulit sêmangka dadi | macan kalawan ula ||

101. Sima kêrah gidrah wolung rakit | lawan ula lanang nêm kêmbaran | mulêt sabêtan pêthite | santri myang kang andulu | samya bubar lumayu ajrih | sima krah sami sima | gêjag grut-ginarut | sukuning wingking wak-wakan | rame gêbêg-ginêbêg sru anggro ngêrik | mangkrak akêkêrahan ||

102. Ula lanang sadêbok gêngnèki | kakruwêlan pulêt lêt-ulêtan | kang nonton angadoh bae | samya gila andulu | ing tontonan [tonton...]

--- 8 : 135 ---

[...an] ngedab-edabi | sardula mangkikikan | krura naut-naut | kang sima minangsèng sarpa | sru gro-gêro ting galêbor dèn-sauti | sima inguntal sarpa ||

103. Mangsa sima lag-lêg angijènni | samya malênthi wadhuking ula | maksih kurang mèlèt-mèlèt | siwo sabêtan buntut | mulêt saka guru ing masjid | masjid oyag-ayigan | lir kalindhon eyung | ula ulêt tatarikan | kang narêbang myang santri kèh samya minggir | amèpèt pagêr tarap ||

104. Dangu-dangu kang samya ningali | têntrêm manahe abungah-bungah | anonton ula lêlakèn | mangkana Kyai Guru | Jamal Jamil nulya akardi | nguncalakên balungkang | dadi kungkang agung | sarpa tumon ing canthoka | nganta-anta lir anglih amanggih mukti | sarpa anut canthoka ||

105. Kodhok mangap andhêlak pan wani | apan caplok-cinaplok arannya | ula cinaplok êndhase | êlêg-êlêg ingulu | wus kauntal ula binukti | amêkongkong mathèthah | maksih dèrèng tuwuk | ula kang sawiji ngancap | naut tinadhahan ing kongkang krah sami | ramya acêcakotan ||

106. Ula naut cangkêm dèn-ingkêmi | marang kodhok sarpa wus kauntal | kang nonton asru aloke | samya suka andulu | kang narêbang cêp datan muni | pan pijêr latah-latah | myat sawêr atarung | lan bangkong kalah ularnya | nulya sarpa gênti mara ingkang kari | angrubut ing canthoka ||

107. Bangkong panggah prayitna tan wigih | kodhok ika andheprok amapan | sarpa asru panaute | tinadhahan ing tutuk | (n)dhasing ula nêt dèningkêmi | ulane palintiran | ngaruwêl mulêt sru | dèn ulu-ulu ulanya | sarpa gênti mara têlas dènuntali | kabèh ula nêmbêlas ||

108. Sabên tambah nguntal ula siji | wadhuking kodhok saya gêng mêlar | ambêdhadhag mènthèh-mènthèh | sakala anjênggunuk | apan sundhul pangrêt srambi |§ Prayoginipun / pangêrêt /. ngêbêki lampit kasah | kang samya andulu | kongkang gênge têlung lawang | nulya wau Kyai Guru Jamal Jamil | ambuwang gagang sêdhah ||

--- 8 : 136 ---

109. Dadi cacing-kalung gêng sawiji | sigra bangkong kang cacing minangsa | cacing cangkême anjêbèr | kalangkung wiyaripun | kungkang naut cangkêming cacing | kodhoke lêg dèn-untal | mring cacing wus kolu | cacing mulur pangkêrêtan | kang ningali sukêr gila kirig-kirig | iluning cacing mêdal ||

110. Amis asêngir ambuning cacing | kang myat umor wênèh mutah-mutah | agila gigu atine | ki guru sigra nuduh | rare alit anguntal cacing | kang rare sigra mangan | cacing gya dèn-ulu | tan suwe pangêlêdira | dangu-dangu kolu lêgêndêr kang cacing | dêlênganê aenak ||

111. Kêcap-kêcap takèn cacing malih | kang ningali nyêbut kamigilan | amumuji ing gunane | gurunira kang luhung | sigra rare kinèn asisi | gya sisi asêmprètan | mêtu cèlèng (m)brubul | lan asu sapirang-pirang | sru (n)jujugug samya amburu si gênjik | cèlèng tarung srênggala ||

112. Kabungahan rare dènnya sisi | mêtu kalong lawa walang-kapa | ambêrubul sing irunge | sisi brol mêtu manuk | ting salêbar awarni-warni | brol mêtu sato-kewan | gêng alit gumrubyug | pêpak saisining wana | abuburon kang kêrah ana kang aring | lir anèng palegungan ||

113. Kyai guru ngling mring santri-santri | yèn ana kang arsa angambila | nyêkêl kidang lan kancile | bêlèhên (ng)gonên lawuh | lamun sira padha kapengin | nulya santri kèh sigra | gupuh ambuburu | wong nonton mèlu angrêbat | marang kidang mênjangan sasênêngnèki | cag-cêg satunggal-tunggal ||

114. Jalu èstri miwah lare alit | kabungahên ngambil sato-wana | tutur lir ngambil ingone | ingkang mikir dèn-ingu | wênèh banjur dèn-pêragati | ulam lajêng binakar | anèng ing (ng)gènnipun | kang binumbon kang kinalak | apan samya kewala lajêng binukti | aloke enak-enak ||

115. Wus warata sakathahing santri | lir binage ingkang sato-kewan | rêbut sênêng pamilihe | kang milih anèm sêpuh | kewan têlas samya dèn-ambil | kantun kang karam-karam | tan ana rinêbut | mangkana Ki Guru Jamal | rare ingkang sisi wau kinèn malih | nyêkêli sato-kewan ||

--- 8 : 137 ---

116. Kinèn ambacuki sadayèki | rare gya cinêkêlan kalewang | sigra pinêcokan kabèh | buron wadidangipun | sapi sima ajag myang gênjik | wus rêbah anggulasah | tapis sadaya wus | gêtihira nyiprat-nyiprat | sinêmbêlèh kabèh tan ana kang kari | kinèn lajêng amangan ||

117. Sato-kewan kang dèn sêmbêlèhi | lajêng pinurak pan kinêletan | dèn-alir-alir daginge | rare wus dadèk latu | daging kinêropok ing gêni | pinangan athemolan | cèlèng miwah asu | macan kuwuk rase luwak | datan kongsi matêng dènnya (m)bakar daging | mêntah-mêntah pinangan ||

118. Têlas daginge sato binukti | nulya balunge kinêmah-kêmah | ngrasa kurang maksih ngêlèh | kabèh gawok andulu | samya nêbut ngaruh-aruhi | bilah setan tan jamak | bocah apa iku | doyan mangan cèlèng macan | miwah asu myang luwak garangan cacing | iku anake sapa ||

119. Kaya buta nora nampik daging | têkan polo-polone dèn-gaglag | ngrêmus kang balung-balunge | dudu bocah bayèku | karanjingan budi sêrani | rarene galêgêsan | cangkêm kopah marus | kang tumingal kamigilan | yata wau ing wanci wus bangun enjing | nulya kinèn bubaran ||

120. Samya kukut sakathahing santri | miwah kang nonton sami bibaran | nanging datan ana mulèh | tanggung wanci wus esuk | padha mire awor lan santri | kang duwe pêsanakan | Kanigara ngriku | akèh mondhok maring desa | sami (m)bêkta dènnya (m)bêrkat kêbo sapi | wêdhus kidang mênjangan ||

121. Ana kang cipta ginawa mulih | nyoba ngingu patangpuluh dina | kênane lawan orane | yèn malah-malèhipun | pan mêngkana sakèhing janmi | para santri sêdaya | kêsêl samya turu | tan cinatur solahira | dènnya nendra byar enjing samya atangi | lajêng atrap bubuka ||

122. Tutup netra daluwang sanyari | miwah sinjang pêthak kang kinarya | janur kuning myang kropake | wus omah guyêripun | nênggak napas gya blag-blêg mati | niba pating jalêmpah | timpah tinimpah wus | ting karingkêl yêl-uyêlan | janma kathah kang durung masuk birai | myat tingkahe abuka ||

--- 8 : 138 ---

123. Samya gumun andongong kapengin | masuk ojrat wor-winor kewala | tan ana siku kukume | kang timpah dhadha pupu | kalukaran sinjang jalwèstri | datan amuna-sika | saking sru tan emut | aundhung bêcik kewala | yata wau kang samya bubuka dhikir | wus dangu antaranya ||

124. Nulya tangi ting badhêgul sami | lêgog-lêgog nangis salênggrukan | swarga lir kêna rinanggèh | saya cêlak dinulu | datan wênèh lir sabênèki | sawusira mangkana | wau kyai guru | lungguh nèng srambi tinarap | para santri ki guru karsanirèki | tansah karya tongtonan ||

125. Nuduh rare alit kinèn mancing | anèng kêndhi cêkak-cêkèk angsal | dêlêg wadêr lawan lele | miwah palung kalarung | santri ubyug sami ningali | jêjêl supênuh ingkang | samya andudulu | rare mancing angsal mina | cêkekalan ting gadêbug kêna pancing | anèng kêndhi kewala ||

126. Kinèn ngambil sakathahing santri | pan kamrubut rinêbat ing kathah | ganyta-gantya pangambile | cukup santri rongèwu | amèt mina kang kêna pancing | ulam-kali rêrawa | iwak samodra gung | alamulam. wadonan lanangan | pan sabantal rong bantal kêna ing pancing | ingambil santri kathah ||

127. Kinaropok pan lajêng binukti | kinarya lawuh dènnira mangan | miwah kang ginadho bae | warêg tan mawi sêkul | sami suka sakèhing santri | kang rare mancing angsal | baya gêng salêsung | pancinge walêsan sada | kênur bobat baya kewala kang kêni | gêng-agêng ting bêrangkang ||

128. Santri kang cukup§ Prayoginipun / sukup /. bubar lumaris | samya ajrih aningali baya | galak arsa naut bae | nulya krah samya tarung | bat-bêt udrêg sabêtan pêthit | ting galêthuk cakotan | pan wasuh-winasuh | agêndra samya kêrêkan | anêrajang santri lumayu angisis | katunjang baya kêrah ||

129. Ingêlokkên gumuruh pra santri | baya wolung rakit ingkang kêrah | wurahan sarta kêploke | otêr lir wukir guntur | tan karuwan kang dèn-iloni | rupa lan gênge padha | gêng sabêdhug-bêdhug |

--- 8 : 139 ---

mêngkana Ki Guru Jamal | anguncali sêpah lan têgêsan linting | dadi têkèk lan cêcak ||

130. Cêp mênêng kang gumêdêr ningali | têkèk lan cêcak anèng kalangan | kapriye mêngko dadine | kang têkèk munya asru | sarwi maju buntut kumitir | wani kêlawan baya | kang baya sinaut | mangap luwih cangkêm baya | têkèk sigra nyaplok (n)dhasing baya kalih | inguntal lêg kauntal ||

131. Baya wolung rakit dèn-untali | lag-lêg têlas kang baya nêmbêlas | têkèk nyêmplu gêng wêtênge | baya pating panjêlut | nèng wêtênge têkèk kêtawis | têkèke manthak-manthak | wadhuke anjêmbluk | têkèk gênge sagêdhogan | sru munya gêng thog-ênthog têkèk ngajrihi | wor suraking akathah ||

132. Alon gumuyu sakèhing santri | samya sêlang gumun alok miyat | bilah têkèk apa kuwe | dene gêdhe kêlangkung | asor baya lèhe mêdèni | nulya cêcak cak-cikan | (n)dhrêdhêt bungkak purun | buntute gêtêr angacar | têkèk pasang gumlêdhêg thog-othog muni | cêcak angêcêk munya ||

133. Cêcak sigra nandêr naut pêthit | buntute têkèk cinakot cêcak | garonjalan sru kak-êngkèk | ingulu saking buntut | gudabigan aniba-tangi | sinurak santri kathah | swara sru gumuruh | lagya satugêl kauntal | têkèk ènggak-ènggok nora bisa budi | lêgêndêr wus kauntal ||

134. Sanalika cêcak gêng nglangkungi | sangsayèram sakèh kang tumingal | cêcak abungkak unine | rare kang mancing wau | cêcakira dipun sabêti | ing walêsan pancinge | sêlat-sêlèt asru | cêcake sigra lumajar | abyak-byukan nunjang pagêr lawan kitri | rusak kêtrajang cêtak ||cêcak.

135. Age lumayu ambyur ing kali | asru jumêgur ing swaranira | samya-lok e kae sinèh | banène sru gumêbyur | kongsi krungu ambalêbêgi | kêdhung kiraku asat | kêbajong kang ambyur | santri kèh angungun samya | ngalêm marang guru kang èdiSebaiknya 'adi', karena menurut konteks kalimatnya para santri ingin memanjakan dengan kata (ngalêm) atau memuja kesaktian guru yang sangat besar (adi) kesaktiannya. asêkti | wong kèh kêpingin nyabat ||

136. Tan cinatur solahirèng santri | gantya ingkang wau kawuwusa | ing Wanamarta kandhane | para kyai sadhusun | amarêngi dina sawiji | sawuse bar Jumungah | Ki Bayi tan kondur | miwah

--- 8 : 140 ---

ingkang para tuwa | nèng sêrambi ngiras angêpung kêndhuri | mijilakên ambêngan ||

447. Mijil

1. Sawusira hajat dèn-dongani | binage para wong | apêm rolas ambêng myang wuduke | golong punar tumpêng mêganèki | sadaya waradin | santri èstri jalu ||

2. Sawusira dènnya dum kêndhuri | waradin sakèh wong | Kyai Bayi alon ngandikane | mring pra putra miwah para ari | kapriye saiki | Ki Sèh Amongluhung ||

3. Apa ana kabare sêmangkin | ngêndi (ng)gonne manggon | apa banjur paran datan mulih | lah ênggonne bae ana ngêndi | kapriye sirèki | ing duga-dugamu ||

4. Lamun ana kabare kang santri | asring kang lunga (n)don | miwah wong kang dagang lunga èbèr | salah sawiji kang olèh pawarti |Lebih satu suku kata: salah siji kang olèh pawarti. -nira Sèh Mongragi | anèng ing (ng)gyannipun ||

5. Putra kalih samya matur aris | mring rama mabukoh | kawula tan pikantuk kabare | saking sabar namung kawulapti | pan manusul anis | marang kang nglêlangut ||

6. Cadhong karsa paduka anuding | mring amba ngupados | dhangan kewala kawula mangke | Kyai Bayi angandika aris | durung karêp-mami | kang kaya aturmu ||

7. Angling marang ingkang para ari | priye kowe kono | sadhengahe kang olèh wartane | mangetane lan mangulonnèki | kang rayi turnya ris | pan dèrèng pikantuk ||

8. Jaba si Wirya priye sirèki | adate sok sumbon | Kulawirya kagyat lon ature | ragi sêpên sapunikanèki | datan angsal warti | ing kabar kang tamtu ||

9. Inggih wontên sruwang-sruwêng kêdhik | tan pantês ginatos | warti pêpêkênan gèsèh-gèsèh | wontên warti taksih nèng Kêdhiri | wontên mring Mêntaris | maring Kawis mantuk ||

--- 8 : 141 ---

10. Botên têlêng mathênthêng kang warti | tiyang anyalêmong | dadya datan sagêd ngraosake | mila atur kula mring (n)jêng kyai | botên angsal warti | Ki Bayi amuwus ||

11. Pira lawase dalasan mangkin | nakmu kang lunga-ndon | ingkang rayi samya matur kabèh | sampun patbêlas wulan puniki | pêndhak Madilakir | Ruwah langkungipun ||

12. Angling malih rasaning tyas-mami | lir tinilar layon | gajêg nora karsa bali mulih | nanging datan wulangun sun iki | kacuwaning ati | kadung momong mantu ||

13. Kyai Bayi sangsaya wèh wingit | tyasira karaos | marang indhang putra sêkalihe | kang para tuwa miwah putra ri | samya tyas makingkin | rêp tan ana wuwus ||

14. Kyai Bayi angandika aris | kaya priye kono | wong kapêdhotan trêsna rasane | tan pakolih turu lawan bukti | matur sadayinggih | mila-mila sèstu ||

15. Kyai Bayi ngling manira ngimpi | pan untuku rigol | mung têtêlu jêbul nênêm kèhe | siji ngarêp kang roro pangapit | runtuh gênti-gênti | dadi nêm sun-dulu ||

16. Kyai Bayi tatanya para ri | têrbukanên kono | Ki Suwarjo§ Prayoginipun / Suharjo /. mupus priye kuwe | untu têlu kang rêntah sayêkti | têka nênêm kèksi | elok têmên iku ||

17. Kyai Bayi ngling bênêr kadyèki | salang gumun ingong | sadayanya samya ngraosake | Kulawirya mring raka turnya ris | wêwadhaganèki | pan awon puniku ||

18. Kyai Bayi sangêt ngungunèki | Sêbagi nabda lon | mring Jumêna Jêmpina rewange | myang Lawatan Malangbong ngling ririh | para sêpuh sami | apan ting karanthuk ||

19. Kyai Bayi muwus kadipundi | nèh jarwan kang mêlok | yèn awona dospundi wêrdine | pintên banggi panggih pênêdnèki | dhengah narbukani | impèn-kula niku ||

20. Kyai Bayi angudi dera ngling | Ki Sêbagi alon | inggih sami kula-raosake | (ng)gih sumpêna paduka kiyai | lêrês aturnèki | Kulawirya niku ||

--- 8 : 142 ---

21. Kyai Bayi ngling kadi-punêndi | tarbukaning raos | matur inggih têpung satuhune | miwah kalih awit kesahnèki | ing petanganèki | sarwa-won ingetung ||

22. Kyai Bayi muwus duk punapi | kesahe sang Among | matur èngêt kula Tumpak-Pone | Pancasuda Lêbu-katyup-angin | Galungan Lodrèki | uwas nuju Jagur ||

23. Kyai Bayi sojar prèpun malih | matur sangsaya won | tanggal ping sêlawe nangasnaas. gêdhe | yèn tumrapa darbèk icalnèki | amlêng malah taksih | wontên tunggilipun ||

24. Kyai Bayi tyasira rudatin | Ki Wirya lingnya lon | inggih lêrês punapa pêthèke | kados nêtês tan inang samênir | kawula yêktosi | wontên èmpêripun ||

25. Kyai Bayi ngling layak kadyèki | pêthèke amencok | biniyanton pra kadang lêrêse | Ki Sêbagi mathêm èsêmnèki | mathèthèr sarya ngling | yèn kula nanangguh ||

26. Mangsa nuli lêpate sakêdhik | tan (m)botêne goroh | ting gulethak kewala tatale | siyèn mila wus kula-petangi | sangêt awonèki | Kalamudhêng-ipun ||

27. Ècèranipun pênêd sakêdhik | kabêkta ing awon | Kalamudhêngnya sangêt awone | utawi awon ècèranèki | puniku amêsthi | kang wus adatipun ||

28. Botên ngamohkên kalasa siji | pan pêjah sawiyos | wangsul-wangsul tiyang kula pêthèk | botên wontên kang ninanginang. satunggil | yèn bab laki-rabi | sangêt angkêripun ||

29. Pasatuan awon pênêdnèki | nêmahi sayêktos | tan kenging pinaibên têmtune | kang sami purna lan Ki Sêbagi | sami anginggihi | tètès pêthèkipun ||

30. Kulawirya nambung wuwus aris | kula tan maido | sampun lêrês pun uwa pêthèke | namung kêdhik ngong tanya tinêmpil | nisani ing takdir | pan ragi takabur ||

31. Lamun pasatuwan dèn-ugêmi | mendahipun kang wong | datan etang dugi prayogine | anggêr pênêd pêsatuwanèki | punika muwuhi | ing têkaburipun ||

--- 8 : 143 ---

32. Baya botên sisah nambut-kardi | sanadyan anjoto | lamun sampun pênêd pasthi sugèh | mandah tiyang tan ana kang miskin | Ki Sêbagi angling | sênênganing kawruh ||

33. Inggih tiyang (m)bêbalung upami | trêkadhang kumêplok | Ki Kulawirya gumuyu linge | lah mêkatên (ng)gih uwa Sêbagi | pênêd sabuk bandhil | (m)balang paminipun ||

34. Gêr ginuyu kang samya alinggih | kang umuk kêpagol | Ki Lawatan amathêt guyune | arêrasan lan MalambongMalangbong. ririh | niku kang Sêbagi | kojahe kajêglug ||

35. Kandha lagi olèh angin thithik | tali-goci pêdhot | mak jêgagig tan bisa mêthènthèng | yèn ta aja kêtanggor Ki Ragil | iba dènnya (m)bêkis | ngrawus masra-masru ||

36. Barêng gumuyunira wong kalih | Lawatan MalongbongMalangbong. | Ki Nuripin milu sru guyune | pan kêpingkêl kêkêl anêloni | kangsi (m)brêbês-mili | êntute andhrudhut ||kongsi.

37. Pan mangrêti ing catur Ki Ripin | cêlak dènnya lunggoh | nèng burine Ki Lawatan (ng)gonne | jajar lawan lurah-lurah santri | (ng)guguyu Nuripin | le kapentut-pentut ||

38. Ki Sêbagi kagyat aningali | sarwi atêtakon | iku sapa kang gumuyu kuwe | abêbanggèn muni ngarêp-buri | matur pun Nuripin | kang kêkêl gumuyu ||

39. Ambakna wong gumuyu si Padhil | nora angon tinon | Cêblung sêngkan kumrutug guyune | tan riringa kaya kyai-kyai | Kulawirya angling | dhasar wong kêtutuh ||

40. Hèh Nuripin sira sun-takoni | parentah§ Prayoginipun / paran lèh /. pawartos | ingkang têlêng myang sruwang-sruwange | bandaranira Sèh Amongragi | saiki nèng êndi | Nuripin umatur ||

41. Datan angsal pawarti sakêdhik | tan wontên cariyos | sangêt sêpênipun salamine | Kulawirya nyêntak mring Nuripin | bênêre sirèki | prihatina patut ||

42. Kawitane Ki Sèh Amongragi | wit saking sireko | kang jinujug

--- 8 : 144 ---

praptane marene | sira kang dadi jalaran ngirid | siralèh sih kyai | kinarya babêndhul ||

43. Pêtinggine wong desa Pêmburi | nêkêm sakèh dhukoh | sun-takoni tan olèh wartane | pira-bara sira atut-wuri | tan mikir prihatin | dêlah kabar gabug ||

44. yèn mangkono sun-dhêndha sirèki | êntêbèn cikal-ngong | krambil gadhing (m)buri roro kae | lihên marang ngarsa kang keperingkêpering. | bing kulon kang bêcik | ngapit-apit tajug ||

45. Kyai Bayi mèsêm ngandika ris | kêrambilmu karo | krambil kêrak mingkak-mengkok wite | mênggik nora na wani mènèki | yèn pokah kêwatir | uwite krambilmu ||

46. Nora ewuh maningan ingalih | glugu mengkang-mengkong | kadhuwurên ewuh pangêtêbe | tuwas kangelan tan wurung mati | wis aja Nuripin | sakake baturmu ||

47. Yata Jayèngrêsmi Jayèngragi | minggu tan miraos | kèngêtan mring raka satilare | anglêlana tan dunung dènnya nis | karaosing galih | samya kumêmbêng luh ||

48. Micarêng tyas ya talah kang sami | padha cacêlathon | dene kadya rare sêdayane | nora nana mupangatirèki | têmah anuwuhi | susahing tyasingsun ||

49. Yèn ana-a kakang Amongragi | baya tan mêngkono | lan sawiyah-wiyah caturane | pan mangkana rêntênge tyasnèki | Ki Bayi ningali | putra kalihipun ||

50. Datan kêna ngartika ing galih | Ki Bayi lingnya lon | ya wus padha (n)dêdongo-a bae | pira-bara ana sihing Widdhi | kang lunga nis prapti | bisa luwar ing kung ||

51. Yata wanci wêktu Ngasar manjing | marêbot anaboh | ing bêdhuge nulya santri akèh | samya wulu salat Ngasar sami | sira Kyai Bayi | angimami waktu ||

52. Wusnya bakda wau Kyai Bayi | salaman kumroyok | laju kewala tan mawi linggèh | pan inggiring putra lan para ri | wangsul anèng kori | lajêng samya mantuk ||

53. Kyai Bayi Panurta wus prapti | pêlataran menggok | ngetan marang wismane putrane | Tambangraras ingkang gung

--- 8 : 145 ---

prihatin | sarira kru aking | najin mangan turu ||

54. Tan anggape sabarang pakarti | sadayane lumoh | liya saking ibadah sungkême | bakda salat kewala angaji | Kur'an siyang ratri | ngaoskên mring kakung ||

55. Datan mèngèng ciptane mring laki | pamujèng Hyang Manon | muga sinung palal sakajate | rahayuning donya praptèng akir | angganya sadarmi | dadya bantênipun ||

56. Wus pratignya manthêng jroning galih | tan gêla ing batos | tan lyan cipta namung panusule | lan anganti pote kal donyèki | kinarya kêndhuri | sêdhêng titanipun ||

57. Salaminya tinilar ing laki | kajate sinêntor | tan ngopèni lêlahan panggawe | miwah wuwus winatêsan angling | linge nêmbah muji | lan Kur'an kang agung ||

58. Miwah lamun tinakèn sudarmi | punika miraos | mung tri pangkat kawijil wuwuse | lamun nuding mring cèthi Cênthini | sinasmitan wus ning | Cênthini wruh sêmu ||

59. Angruktèni sabarang karyèki | tan salayèng pakon | rumat ing kêndhuri salêbone | myang liyane tan kongsi tinuding | rampung de Cênthini | kewala sadarum ||

60. Tambangraras barang kang inapti | ramèbu rumojong | tan pinalang sakadar-kadare | ingkang putra tulus dènnya mupid | nèng jro mah tan mijil | gêdhong kilèn nêngguh ||

61. Ingkang ibu nèng jêrambah linggih | Ni (n)Daya tan adoh | agruktèni kêndhuri badhene | tilawatan samyèstri ing ratri | Ni Malarsih drêmi | tumandang karyèku ||

62. Saking parentahira Cênthini | kang surup ing pakon | Ni Malarsih Daya Sumbalinge | samya ngrukti ambêngan kêndhuri | ramèbu (m)bên ratri | tugur anèng ngriku ||

63. Salaminya putra nandhang brangti | tan kondur mangulon | têrkadhangan kewala karsane | saking datan kêna sah lan siwi | yata Kyai Bayi | ingkang lagya rawuh ||

64. Ingiring santri Luci Nuripin | myang bêkêle dhukoh | praptèng wisma lênggah lan garwane | angandika sutanta nèng êndi | gupuh Ni MularsihMalarsih. | nimbali kang sunu ||

--- 8 : 146 ---

65. Sira inguwuh ramanirèki | Tambangraras gupoh | mijil sarwi atilar rukuhe | rasukan lungsêd sêmbagi kuning | sinjangira putih | sêmêkan gadhung byur ||

66. Praptèng ngarsaning rama sêmu jrih | tumungkul sang sinom | Kyai Bayi myat marang putrane | sakêlangkung dènnya wlas ningali | kang rama ngling aris | dhuh Nikèn sutèngsun ||

67. Kari sacakup angganirèki | kongsi kokot-bolot | lir thukul tinanduran kacange | labêt nora kobêr kambon warih | liya toyastuti | de rusak anggamu ||

68. Aywa bangêt-bangêt amêmati | ing raga tan ilok | ya wus tama tarakira Nikèn | nanging ywa ta sira sah rêrêsik | pawèstri tan wajib | kulinèng rum-arum ||

69. Parêk malaekatira asih | mring wong nganggo-anggo | yèn tan rêsik doh malaekate | pan anarik ngabêr-abêr puji | wong nyêrtu wêwangi | tan tama tinêmu ||

70. Ingkang ibu nambung (m)bobolèhi | ywa sugal ing pakon | turutên kewala pituture | ramanira mulang rèh prayogi | aywa sira wani | nikêl ing pituduh ||

71. Sasat nikêlakên maring ngèlmi | wangkotira dhenok | mokal kalêmpita sira anggèr | ngong tan maoni tarakmu brangti | raganira kongsi | aluluh sun-dulu ||

72. Keswanira tan kajuming suri | mèh gimbal lir susoh | asarwi ginêrayang putrane | sangêt gonggongira angêlithik | mung wêdananèki | sênênne sumunu ||

73. Tambangraras kumêmbêng luh mijil | sarwi matur alon | inggih amba tadhah dêdukane | sakêlangkung (ng)gèn-kawula apti | ambuburat minging | angêlalar bau ||

74. Tuwin angêjum rema ing suri | gêgêlung kang methok | nanging ragi wontên ngawarile | sariramba cinging mring wêwangi | lamun mambêt amrik | raosipun ngêlu ||

75. Nuwun ugungan kewala mangkin | lagya dèrèng bombong | kang ramaèsmu mèsêm pangungune |Lebih satu suku kata: kang ramèsmu mèsêm pangungune. wit duk masih alit tan birai | pan kongsi saiki | ya talah sirèku ||

--- 8 : 147 ---

76. Lan apa kang padha sira rukti | Malarsih turnya lon | inggih badhe angrukti ambênge | parentahe pun cèthi Cênthini | kataman samyèstri | apan mangke dalu ||

77. Kyai Bayi Panurta nganthuki | Kamdulilah ingong | pilihana kang wus kêna bae | panggêdhene lurah-lurah santri | sêntana kang ngaji | kataman aplalu ||

78. Manirèki apa ya kêbincil | milu cacah wadon | karo priye Cênthini ngong kiye | apan inggih tumut cacah èstri | yèn mangkono mami | dadi mêncir satu ||

79. Anulya ing wanci wêktu Mahrib | nèng dalêm kemawon | Kyai Bayi kang dadya imame | nèng jarambah kang makmum parèstri | sabakdaning Mahrib | lajêng Ngisa-nipun ||

80. Praptèng salam bakda Ngisa nuli | pupujiyan alon | tan sarênti arêmpêg sajake | swara èstri rênyah rum amanis | lir suling nyundari | asri nganyut-nganyut ||

81. Wusnya pupujiyan nulya dhikir | alon alêlagon | samya rahab sawuse tri tasbèh | lajeng (n)donga Rujuk Kyai Bayi | pragat puji dhikir | salaman kumrubut ||

82. Aluwaran sunat bakda dhikir | Ki Bayi lingnya lon | payo kawit padha têpung linggèh | ingkang kari krêbèn anêpungi | tan adangu prapti | parèstri kumêbul ||

83. Prapta masuk ing wisma alinggih | saurute kang wong | Kyai Bayi kang nèng ing lor dhewe | kanan ingkang garwa Ni Malarsih | Ni Daya anuli | Ni Pangulu catur ||

84. Gya pra ipe Sumbaling anuli | saurute kang wong | keringipun putranira Nikèn | Tambangraras nulya rayi kalih | Turida anuli | Rarasati lungguh ||

85. Ni Cênthini gya saurutnèki | kubêng têpung lunggoh | Kyai Bayi mundhut musakape | bantal rekal wus mubêng waradin | Ki Bayi miwiti | takabal-lalahu ||

86. Min kummina wa minkum ya karim | gumêrah swara wong |

--- 8 : 148 ---

suratYang berikut adalah nama-nama serta angka Surat-surat Al Kur'an. Ngama§ 78: An-Nabaa'. Ki Bayi tamate | Walarsih surat Wanajingati§ 79: An Nazi'aat. | tamat Ni Dayèki | Ngabasa§ 80: 'Abasa. gya puput ||

87. Ni Pangulu tuwa suratnèki | Ida-samsu§ 81: At Takwiir. rêko | Ni Pangulu tênggok ing surate | Ida-samaun patarat§ 82: Al Infithaar. nuli | Pangulu têngah glis | nênggih suratipun ||

88. Welul muntapipin§ 83: Al Muthaffifiin. tamatnèki | Ni Pangulu anom | surat Ida-samaun sakate§ 84: Al Insyiqaaq. | Ni Sharjo Wa sama'i buruji§ 85: Al Buruuj. | Ni Wiradhusthèki | Sama'i tariku ||§ 86: Al Thaariq.

89. Ni Panukma pan surat Sabikis§ 87: Al A'laa. | Ni Panamar gupoh | surat Hal ataka§ 88: Al Ghaasiyah. satamate | Ni Wuragil Kulawirya nuli | pan surat Walpajri§ 89: Al Fajr. | kang nêm surat La-uk ||§ 90: Al Balad.

90. Lajêng mring rabining lurah santri | surat kang ingaos | Wa-samsi Wa-luka§ 91: Asy Syams. anulya ge | wangsul malih ingarsa wit kering | Tambangraras aris | nênggih suratipun ||

91. Pan walèli idayagsa§ 92: Al Lail. nuli | Turida angaos | surat Waluka§ 93: Ad Dhuhaa. amulya Nikèn | Rarasati surut kang ingaji | Alam-nasrah§ 94: Alam Nasrah. nuli | cèthi Cênthini wus ||

92. Kang ingaos pun surat Watini§ 95: Atti'in. | Ni Sêbagi ngaos | surat Ikrak§ 96: Al-Alaq. gya Ni Jumênana-ne |Lebih satu suku kata: surat Ikrak gya Ni Jumênane. surat Inna-anjalna§ 97: Al Qodr. nulya glis | gumanti kang ngaji | ing saurutipun ||

93. Ni Lawatan surat Lamyakunil§ 98: Al Bayyinah. | gya Nyai Malangbong | surat Idajul§ 99: Al Zalzalah. nulya tinampèn | mring santri surat Wal ngadijati§ 100: 'A Adiyaat. | laju dèntampèni | pan Alkaringatu ||§ 101: Al Qaari'ah.

94. Nulya surat Alhakumut§ 102: At Takkatsur. nênggih | gya tinampahtinampèn. gupoh | ingkang surat Wal-ngasri§ 103: Al 'Ashr. nulya ge | nulya surat Wallulikuli |§ 104: Al Humazah. [Kurang satu suka kata: anulya surat Wallulikuli.. surat Lamtara§ 105: Al Fill. glis | Li-ila§ 106: Al Quraisy. puniku ||

--- 8 : 149 ---

95. Nulya surat Araetaladi§ 107: Al Maa'uun. | surat kang gumanios |gumantos. [Lebih satu suku kata: surat kang gumantos.]. Ina aktaena§ 108: Al Kautsar. nulya |Kurang dua suku kata; Biasannya guru lagu 'e': Ina aktaena nulya age. Kulya-ayu§ 109: Al Kaafiruun. surat lajêngnèki |[Periksa] Baris ini semestinya terbagi menjadi dua baris (yaitu baris ke-3 dan ke-4), namun saya bingung cara memenggalnya karena untuk baris ke-3 seharusnya berumus 10-e dan baris ke-4 berumus 10-i. Pengaruhnya adalah bahwa pada bait ke-95 hanya terdiri dari 5 baris padahal sebenarnya 6 baris. Ida ja-a§ 108: Al Kautsar [yang benar adalah surat An Nashr]. nênggih | nulya surat Kulhu ||§ 109: Al Kaafiruun, 110: An Nashr [yang benar adalah surat Al Ikhlash].

96. Barungan lan wong akèh kaping tri | arahab pra wadon | nulya kang surat Palak§ 113: Al Falaq. Binas-e§ 114: An Naas. | lajêng Patekah wêkasanèki | lajêng durus ratib | swarèstri ramya rum ||

97. Samya apil sadaya ing ratib | tan ana kang bodho | wusnya ratib pan laju dhikire | alêlagon asri anyundari | angèrèng rum manis | rêmpêg rarasipun ||

98. Wusnya nutug dènnya samya dhikir | sêlawat linagon | turun-turun rampung salawate | bakda sêlawat salaman sami | marang Kyai Bayi | Panurta angrubut ||

99. Ulur barêng mara gênti-gênti | samya laku bokong | wus waradin dènnya tur salame | wangsul atata dènnira linggih | Ki Bayi ngling aris | mring kang sêpuh-sêpuh ||

100. Sapa bênêre ingkang (n)dongani | Malarsih turnyalon | prayogi paduka utamine | iku ora aja dumèh mami | prayoga samyèstri | kang andonga iku ||

101. Bêcik Ni Pangulu nom (n)dongani | acêtha lèh ulon | wis Cênthini ekrala hajate | gya Cênthini alon angijabi | lah punika nyai | kajate sang ayu ||

102. Apan ngrasulakên kurmat Nabi | Mustapa kinaot | lan mêmule marang lêluhure | saking jalêr tuwin saking èstri | lawan lujêngnèki | Ki Sèh Amongluhung ||

103. Miwah lujênge sabrayatnèki | kabèh lanang-wadon | Ni Pangulu nom gya ngabulake | punika kang sami anaiti§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / anaidi /. | kajate utami | mugyantuk pitulung ||

--- 8 : 150 ---

104. Sadayanya umatur naiti§ Prayoginipun / naidi /. | ramya swaraning wong | wus mangkana Ni Pangulu age | atangawut lan Patekah ririh | gya santak (n)dongani | wit barakallahu ||

105. Santri gumuruh barungan amin | sru ambata ruboh | rahab samya nasibi gêgêntèn | wusnya nutug dènnya andongani | Ki Bayi ngling aris | tatanên ambêngmu ||

106. Mara kono etungên mirani | uruting tuwa-nom | nulya samya ngangsêg pangêpunge | wus prayoga bagining kêndhuri | Luci lan Nuripin | angladèni bikut ||

107. Nulya samya sarêng awêwanting | wijik turuh wisoh | lah wis payo Bismillah sêdhênge | matur inggih dan lêkas abukti | sakèhe santrèstri | kaecan pikantuk ||

108. Wus antara nutug dènnya bukti | aluwaran wisoh | nulya samya binagi ambênge | wus warata dènnya (n)dum kêndhuri | miwah kang nèng jawi | winarisan sampun ||

109. Sigra pra santri-santri pawèstri | samya pamit bodhol | kinalilan nulya mundur kabèh | wus bubaran kang samya angaji | loyop sayah kadi | prêdapaning gadhung ||

448. Sinom

1. Tan cinatur solahira | kang samya mapan ing ratri | ratrine malih winarna | yata wau Jayèngrêsmi | wit wingitnya duk wingi | bakdaning Jumungahipun | pangungunira dahat | mring raka Sèh Amongragi | karsanira kêncêng kêdah angupaya ||

2. Wanci wusing bakda Ngisa | kondur saking masjid alit | prapta ing wisma alênggah | lawan kang garwa sinaji | dhêdharan sri mawarni | pateyannya tansèng ngayun | sira Nikèn Turida | myat ing raka èstu wingit | alon matur mring raka sarwi ngrêrêpa ||

3. Punapa ingkang dadya tyas | de tan pati karsa angling | tuwin tan kulina nadhah | pan wus kalih ari mangkin | manawi andukani |

--- 8 : 151 ---

mring amba tadhah bêbêndu | kang raka rum lingira | kang ora-ora dera ngling | lagya nora arsa wacana kewala ||

4. Manirarsa asêsanjan | mring arimu Jayèngragi | ana rêmbuge maring wang | durung pasaja mring mami | êmbuh kang dadi pikir | mulane sun arsa têmu | marang Ki Jayèngraga | mung lopak-lopakku cilik | kêdhawungan suwasa glis isènana ||

5. Kang kêbak ngisèni kinang | Turida gupuh angrukti | mèsêm sarwi aturira | dingarèn nganyar-anyari | mrono bae tan têbih | (n)dadak sangu masak pênuh | sabêne datan karsa | mundhut gantèn kang ngêbêki | sêtun kêrsa sakênyèh kewala mentar ||

6. Wus katur kang pamasakan | tinampan lajêng kinêmpit | alon dènnira lumampah | mring wismane Jayèngragi | kang rayi lagya linggih | nèng wisma lan garwanipun | sinaji dhêdhaharan | pateyan sangkêp nèng ngarsi | Jayèngraga arsa sowan mring kang raka ||

7. Wus dadya rêmbug dhèk siyang | nanging tyas mangke sakêdhik | lagyarsa siwo asmara | mring kang garwa Rarasati | Jayèngraga ngling aris | sun-arsa sêsanjan dalu | ngulon marang kakangmas | lopak-lopakku mas cilik | isènana masakan sangkèt sadhela ||

8. Kang garwa mèsêm turira | mring raka amagut liring | bok benjing-enjing kewala | kawula wus burat-wangi | Jèngraga gumuywa-ngling | sarwi narik astanipun | niyung lungayanira | kêbangêtên sira yayi | wong ge-age jare besok (m)bèn kewala ||

9. Kang garwa sarwi ingaras | linunggyèngakên ing wêntis | ingadhêp pra sêlirira | nulya ingkang raka prapti | amêngakakên kori | Jayèngraga kagyat gugup | kang garwa arèngkodan | ngling ah mau mula suthik | mêksa bae ambakna wong tan kaopan ||

10. Jayèngraga latah-latah | bilah gêlis têmên malih | kang raka gumujêng nabda | kobêr têmên sira iki | sore èntèh adhingdhing | sêlire samya gumuyu | Rarasati anêntak | mring sêlir kang guguyoni | si Di-êblong (n)dadak guguyu maring wang ||

11. Kang raka alon ngandika | mring rayi Ki Jayèngragi | payo sasanjan sadhela | mring paman Kulawiryèki | kang rayi wus atampi | mring raka dadinya rêmbug | gya mundhut pêmasakan | sinaosan mring kang rayi | (n)dan umangkat Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

--- 8 : 152 ---

12. Mring wismane Kulawirya | tan adangu mulyanulya. prapti | Kulawirya wus samêkta | cadhong karsane putrèki | praptane putra kalih | kang paman mingsêr kang lungguh | wus tata dènnya lênggah | Jayèngrêsmi matur aris | prayogine wanci punapa umangkat ||

13. Kulawirya wuwusira | sukarsane ngong umiring | sanajan saiki iya | mangsa rubêda ing ati | kang putra matur aris | inggih paman pênêdipun | ing mangke bêdhug tiga | kewala Subuh ing margi | kêbyarana nèng wana Cangkring ingrika ||

14. Iya sêdhêng byare-rina | tan kawruhan ing wong ngriki | Jayèngraga nambung sabda | punika lamun kapyarsi | dinangu mring jêng kyai | inggih kados pundinipun | sintên ingkang pratela | kang paman aris nauri | iya bibinira bae kang winarah ||

15. Mring ngêndi ta kang sêmbada | pêndhak dina bae mulih | kajaba awat tirakat | lah inggih sampun prayogi | sadalu tan aguling | ing wanci wus bêdhug têlu | kang samyarsa tirakat | rabine samya winêling | dyah umangkat ing wêngi panguwuh sata ||

449. Pangkur

1. Laju ngidul lampahira | mudhun raryan aSubuh anèng kali | wus bakda dènnira wêktu | Jayèngraga aturira |Lebih satu suku kata: Jayèngraga turira. paminipun pun paman Nuripin tumut | yèn parêng bok ingampiran | sakêdhap ngajak Nuripin ||

2. Kamêrgèn dèn-wuh kewala | Kulawirya nauri iya bêcik | abênêr karsanirèku | mungguh ing wong lulungan | dadi sarat parigêle nèng dêlanggung | bêcike katêlu ana | kapat ala salah siji ||

3. Ki Jayèngrêsmi turira | inggih lêrês paman (ng)gèn ngiratani | wontên kang ngawoni laku | lamun gragoning lampah | inggih wawi paman ingampiran gupuh | tan dangu lampahe prapta | sigra Ki Kulawiryèki ||

--- 8 : 153 ---

4. Anguwuh saking ing marga | hèh Nuripin apa wus sira tangi | digage mreneya Cêblung | kang èstri aturira | inggih sawêg kêtanggêlan salat Subuh | Kulawirya ngling enggalna | Nuripin myarsa nulya glis ||

5. Tan kongsi puji-pujian | gupuh-gupuh lumayu langkung ajrih | wus prapta mandhêg nèng ngayun | Kulawirya nglingira | payo banjur andhèrèka bêndaramu | aku marene sadhela | matur sandika Nuripin ||

6. Nulya laju lampahira | Kulawirya Jèngrêsmi Jayèngragi | kapat Nuripin tut-pungkur | praptèng wana trataban | wana Cangkring bondhot rêgêd ing garumbul | swaraning pêksi sikatan | cuwiyun lawan srigunting ||

7. Jêgigèring sata-wana | mawurahan langkung asri kapyarsi | wanci pajar akir Subuh | mèh raina sêmu bang | Hyang Haruna lir rapuh ing tingal bangun | kêwayoning pagulingan | ngatirah mêntas kapilis ||

8. Sumirat kang ima mabang | lir tumênginira dyah duk ma-èksi | ujwalèng surya maruput | mranani kang bawana | lwah-lwah pangol kasilakan ing suryèsuk | rujit marêmit ing kisma | cawèn citraning ron kèksi ||

9. Katri katrangan dipèngrat | tejaning prêdapa mêmungu mirir | sakêtêr katyup kang bayu | kadya kênyaring langwan | inaèsan oya gwèng-kang ing pang katub | ingangin ron tuwa wiwal | ngaleyang marugwèng§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / marurwèng /. siti ||

10. Mimba layoning puspita | kang tan kasingsêtan ing kèswa midih | sari sah sesaning gêlung | ninang anèng pungkurun | kang kêrantan kirabing pangukêlipun | tiyunging pang kapawanan | lir pandhêngklange sêrimpi ||

11. Tan wus langêning mahawan | Jayèngrêsmi raryan soring kusambi | tambining oyod alungguh | samya mucang katrinya | Ki Nuripin ririh gêrunêngan muwus | Ki Kulawirya lingira | paran ko(k) wuwus Nuripin ||

--- 8 : 154 ---

12. Ki Nuripin lon turira | inggih ta lah tan nyana lamun têbih | tiwas tan kongsi sêsangu | hardana miwah karag | pan lumajêng kewala kalih kêkêmul | sêdhah salêmbar tan (ng)gawa | dalah kacu tan kêpikir ||

13. Jare kur mrono kewala | uninga-a yèn karsa lampah têbih | kêdhik-kêdhik mikir sangu | nabda Ki Kulawirya | sira iku jawane nyêrêg maringsun | lah iya wis aja susah | tan sêsangu anèng margi ||

14. Tan kurang rêjêki Allah | sukêt akèh uwuh akèh kang kèksi | sadhêngahsadhengah. panganên tuwuk | kali mili gumladhag | nora nana bedane anggêre tuwuk | Nurupin agêrundêlan | èh nyanaku dèn-paringi ||

15. Enak apa wuh godhongan | banyu kali dèn-tawakkên mami |Kurang satu suku kata: banyu kali dèn-tawakakên mami. Ki Kulawirya gumuyu | Jayèngrêsmi wuwusnya | lah suwawi paman mangkat mupung esuk | anulya samya umangkat | kang paman kang dadya kanthi ||

450. Kinanthi

1. Yata wau lampahipun | Jayèngrêsmi Jayèngragi | katiga Ki Kulawirya | kapate santri Nuripin | angambah wana gênêngan | raryan wêktu anèng margi ||

2. Sawusira bakda Luhur | laju kewala lumaris | kadhang dhusun kang kamêrgan | kêrsa mundhut wohing tiris | duwêgan dening katoran | Nuripin ingkang (n)juroni ||

3. Barang kêrsa nèng mêrga gung | kewala namung Nuripin | tutumbas kang tan tinumbas | lêstari lampahira ris | arêrêp kadalon marga | nèng dhusun Kêplêng sawêngi ||

4. Ki NuripanNuripin. amitêmbung | panginêpan mring pêtinggi | aran Ki Suradigdaya | umbuling para pêtinggi | Nuripin sojar gêgênah | kadang siwine (n)jêng kyai ||

5. Tirakatan karsanipun | ki pêtinggi wus mangêrti | pinajar yèn putranira | satunggil sadhèrèknèki | ki guru ing Wanamarta | nanging dèrèng wruh ing warni ||

--- 8 : 155 ---

6. Nuripin jawab klasa lus | gya sinungkên ing pêtinggi | wus tinampan sigra mentar | nulya ingaturkên aglis | wus ginêlar anèng langgar | langgare alit bak wêlit ||

7. Kur longkang sêdhêng wong têlu | tan ana padasannèki | Nuripin mundhut lantingan | têtêlu olèh wus prapti | pan sarwi agarundêlan | jênênge bae ngêbêgi ||

8. Kêtara têmên yèn kupur | tan doyan kalimah kalih | tajuge cilik tan pakra | kêbak tutumpukan wêlit | kêtungkul ngothok sêrètan | katri gumujêng miyarsi ||

9. Anulya gantya awulu | Nuripin ingkang nuruhi | wusnya gya minggah ing langgar | dènnira asalat Mahrib | wong papat adhêdhêsêkan | rêbut wêktuning ngabêkti ||

10. Mahrib lajêng Ngisanipun | wus pêragat bakda witir | Nurpin sigra sung wikan |Kurang satu suku kata: Nuripin sigra sung wikan. mring Suradigdaya aglis | ambèn-gêng wus ginêlaran | kêlasa kang sarwi rêsik ||

11. Ki pêtinggi sigra mêthuk | ing latar akèn ngaturi | Jayèngrêsmi Jayèngraga | katri samya malbèng panti | pandhapa binale-watang | sampun ingancaran linggih ||

12. Ki Suaradigdaya gupuh |Lebih satu suku kata: Ki Suradigdaya gupuh. trapsila atur pêmbagi | winangsul rahabing krama | wus tata dènnira linggih | nulya ki pêtinggi gêpah | nudingi kang nglêladèni ||

13. Mijilkên sunggatanipun | sêkul rampadan mawarni | sangkêp sakèh lêlawuhan | sampun ingancaran bukti | punika kang sumapala | supaya lêjar kêlantih ||

14. Sumangga paduka suruh | Jayèngrêsmi ngandika ris | lah paman Suradigdaya | suwawi wasisan bukti | kang liningan sru lênggana | nulya samya alêlanting ||§ Prayoginipun / awêwanting /.

15. dènnira bukti pikantuk | nutug dènnya nadhah sami | awijik nulya luwaran | linorod marang Nuripin | thêkul sêmbari siduwa | wêtênge malang (ng)gambuhi ||

--- 8 : 156 ---

451. Gambuh

1. Ki Nuripin pikantuk | nêmên dènnya nadhah amathêngkuk | anyarêmpêng dèn-êpêng tan nolih-nolih | lêmpènge lêmpêng lir limpung | adhokoh kokoh acekoh ||

2. Dhasar rada kêlantur | sayah sêdina dènnya lêlaku | nêmu suguh sarwènak ulam mêpêki | kongsi (m)bèthêm bitha-bithu | pêmuluke (n)junjung bokong ||

3. Sêkul sapanjang munjung | têlas tan ana korèdanipun | Kulawirya gumuyu angling nudingi | lah ati-atinên bagus | wêtêngmu manawa jêbol ||

4. Ki Nuripin asêgu | gya wus dènnya mangan nulya wisuh | mèthèk-mèthèk kadya bagor dèn-isèni | mudal karingête kumyus | kandhêg nèng lêmpèng ngacêmbong ||

5. Kulawirya saya sru | suka gumuyu mring santrinipun | hèh Nuripin kiye wayah apa mangkin | matur maksih sontênipun | mangsi bingunga ing panon ||

6. Kulawirya amuwus | mênèk kok-aranni bêdhug têlu | kang miyarsa samya (ng)gêguyu Nuripin | anjêgèg tumungkul wêdhung | ambêgane kêmpas-kêmpos ||

7. Ajange wus ingundur | ki pêtinggi myat ing tamunipun | tan riringa sajake samya mriyayi | nulya malbèng wismanipun | paparentah mring kang wadon ||

8. Kinèn (m)bagèkkên tamu | saha lan pawohan ingkang mungguh | sêgah nyênyamikan kang sarwa di-adi | ingkang ngladosi mangayun | kewala sadaya wadon ||

9. dènnya parentah sampun | nulya mêdal malih mring (ng)gyannipun | tan adangu wus angrukti nulya mijil | angirid nak-putunipun | ni pêtinggi (m)bêkta gembol ||

10. Sumaos anèng ngayun | mundur gantya kang ngladèni laju | kanêm rare tanggungan ragi têrampil | dhasar cêcawangan alus | akuning wêdana suloh ||

--- 8 : 157 ---

11. (m)Balerah netranipun | alit mêthit angganthêng angimpun | lathi mathis idêpnya raras tumênggi | athi-athine angundhup | -ing turi ruruh pasêmon ||

12. Jêbên kêmbên sih pinjung | kadhang cêtha sabukwala patut | rare desa kogung sakadarirèki | satunggil wulanjar bêsus | amêsês mulat dhêdayoh ||

13. dènnya ngladèni kisruh | piring kang dèn-ajokkên gumluthuk | apan pijêr salah wèngwèng anglêlirik | gêgrimingan tanganipun | (m)bênakkên kêmbêne kêndho ||

14. Wusnya angrukti mundur | nèng wurine ni pêtinggi lungguh | alon matur mring têtamu tur pêmbagi | kang sinêmbraman lingnya rum | (ng)gih bibi sangêt trimèng ngong ||

15. Kang paman (n)jawil pupu | mring Jayèngraga bibisik muwus | iku bêlo pêthèke cêcalon dadi | pada wadana katêmu | lagi sêmamar wus katon ||

16. Jayèngraga anjumbul | bisik-bisik anauri wuwus | sarwi gumuyu inggih paman mèh thithik | kula wicantênkên niku | kasêlak paman miraos ||

17. Inggih sayêktosipun | pancèn pilalan kanggo wong agung | alis ngadêg atajêm nyanyundêp ati | pantêse rare kaugung | si kuncung agawe lamong ||

452. PocungTeks asli: Pucung.

1. Wayahipun kuciwane maksih tanggung | kirang rong taun kas | liringe sagêd nglawani | dèn-gêgêlak kaya kêna kinambilan ||

2. Naur wuwus malah tan kongsi rong taun | sêtaun kewala | ya uwis kêna dèn-êmping | wong ngrarapih ngur kêpara durung mangsa ||

3. Ing-alulut akèh wilêting pakewuh | mirungga marwasa | rêkasaning sari kincip | kawêdhêngên kodhêng pangudining karsa ||

4. Ngoyog pupu Jayèngraga sru gumuyu | winor bibisikan | ah paman (n)dadak dèn-angling | têmah gawe prakara anggugah kala ||

5. Alon muwus Kulawirya bêdhèk iku | bandhamu (m)bêngkayang | dèn-ngati-ati mênawi | mênèk nyêmbur ambeyani dus jinabat ||

--- 8 : 158 ---

6. Wong ro barung gumuyu samya dinulu | Jayèngrêsmi mulat | mring kang paman lan kang rayi | Jayèngraga sêmu jrih liniring raka ||

7. Samya minggu datan gugujêgan muwus | ni pêtinggi turnya | punika anggèr binukti | awon kèndêl sawêntène sumapala ||

8. Kawlas-ayun sadintên lumampah rapuh | katri wuwusira | (ng)gih sêlot-sêlote bibi | tiyang sampun nèng riki mangsa ringga-a ||

9. Sawusipun sami mucang katrinipun | saking pamasakan | mêncorong suwasa rukmi | ki pêtinggi tumingal wêwah jrihira ||

10. Kang têtamu samya sêsambèn amundhut | nyamikan sêgêran | ni pêtinggi ngatag aglis | mring anake kae piringmu ajokna ||

11. Gupuh maju nêsêgakên piringipun | Jèngraga ngandika | iku anak (n)dika bibi | pintên kabèh tunggale niku (m)bok-rara ||

12. Alon matur datan wontên tunggilipun | ingkang sami gêsang | nêm sadaya sami mati | namung gêsang satunggil èstri dêdaman ||

13. Sangêt cubluk mêlulu kêcambah watu | ambêsur ugungan | dene kang agêng punika | apan kapenakan kawula wulanjar ||

14. Malihipun punika kaprênah putu | mangke dados randha | ingkang titiga puniki | awon-awon dados ampile pun paman ||

15. Pan gumuyu JêngragaJèngraga. alon amuwus | Mas Suradigdaya | kuwat wayuh kapat padmi | ki patinggi matur nuwun ingkang barkah ||

16. Malih muwus putranta sintên rannipun | matur kang liningan | kakèkipun kang marabi | pun Watiyah nging karan Endhuk kewala ||

17. Inggih patut putranta aran si Endhuk | Mas Suradigdaya | kula milu ngêmpèk siwi | lamun benjing ing têmbe akhir mah-imah ||

18. Lamun kêsdu paman nèh pelokkên§ Prayoginipun / pêrlokkên /. têmu | marang Wanamarta | yèn kula sagêd mèwèhi | ki patinggi jalwèstri matur sumangga ||

19. Nulya mundur parèstri saking ing ngayun | samya malbèng wisma | Jayèngraga anglud liring | ni wulanjar angêcêr ulat sêdhatan ||

20. Lakunipun luwês (m)barêngi (m)bok Endhuk | Jèngraga rêngu tyas | blêgo ngaling-alingi |Kurang satu suku kata: blêgo angaling-alingi. edan taun pêngrasane kinêsmaran ||

--- 8 : 159 ---

453. Asmaradana

1. Jayèngrêsmi wus andugi | kalêthêke Jayèngraga | asabil sajroning tyase | ya talah Ki Jayèngraga | dene tan nêbut pisan | bocah durung bisa idu | dèn-pikir kaya matiya ||

2. Yèn kongsiya têlung ratri | nèng kene agawe beka | kaya mêngkono akale | sinamun-samun dhêdharan | datan katarèng netya | wasana ngandika arum | lah paman Suradigdaya ||

3. Padesan ing Kêplêng niki | bobote desa wêwanan | anglangkungi ing gêdhene | kuciwa kurang agama | pintên bara ngadêga | mungguh ing Jumungahipun | namung ta ênggèn kawula ||§ Prayoginipun / kewala /.

4. Kang pênêd jêmbar sakêdhik | sêmbada nora ngibadah | kalamun bêcik langgare | manawi kandhêg kampiran | mring santri wah utama | patinggi matur gumuyu | alêrês kang pangandika ||

5. Duka-dalêm ingkang mawi | tiyang ing ngriki punika | ancog-ancogên manahe | kalangkung (ng)gèn-kula prentah | wêwarah kèn ngibadah | kêdah dên-pilalu gêcul | tan wontên rêmên sêmbahyang ||

6. Namung rêmên asêsabin | tan kobêr atugar wana | mila tan wontên kaume | kaume bêrah kewala | lêbe angiras lurah | yèn mêntas (ng)garu maluku | nuntên sêrètan gambangan ||

7. Kang paman lan Jayèngragi | sarêng guyune alatah | asuka nambung wuwuse | dadi mêkatên man Sura | sanak ngriki karêmnya | gambangan sêrètan guyub | pundi tukange kang (ng)gambang ||

8. Pênêd nèh undang mariki | wong nganggur kèn kalênèngan | sokur yèn wontên gêndhole | ginawa tamba lèk-lèkan | saniyagane pisan | Suradigdaya gumuyu | pan inggih wontên kewala ||

9. Sigra nuding rêncangnèki | undangên si Citraguna | kae bêcik panggambange | karo banjura mring Gêbang | timbalana si Gêndra | badhute si Nayagêcul | Bêndhul-jaya sapanjaknya ||

10. Sigra mentar kang tinuding | Ki Kulawirya ngandika | punapa pênèd tlèdhèke | dene jênênge si Gêndra | punapa sababira | matur (ng)gih sawawratipun | dene sring pyambak tinanggap ||

--- 8 : 160 ---

11. Pangraose kang ngrêmêni | wangkit lampahan sadina | tan wontên kados pyambake | milane nama pun Gêndra | sring dados rêrêbatan | rare kang nèm-nèm puniku | dados gêndra ing kalangan ||

12. Dalah tiyang sêpuh inggih | kaki-kaki kakêrêngan | apêthès patèn-pinatèn | inggih rêbatan pun Gêndra | mèh sabên agegeran | tan wontên kang ngetang patut | kabuntut dhatêng pun Gêndra ||

13. Samya sru guyunirèki | Jèngrêsmi mèsêm ngandika | si paman bisa anggotèk | Ki Kulawirya Jêngraga | gumuyu sambung nabda | man Sura bisa wèh guyu | pundhuh lan man Kulawirya ||

14. Ki Kulawirya nganthuki | kaduga têmên manira | kang Suradigdaya kuwe | bubudèn mangsa gèsèha | kêtara kênyamira | wong pasaja gothak-gathuk | anglêgakakên ing manah ||

15. Ki pêtinggi ambêdhidhig | ginunggung winoran umpak | tan riringa rumakête | tan dangu kang kinèn ngundang | ronggèng anulya prapta | wus katur patinggi gupuh | nguwuh mareneya Gêndra ||

16. Pra majuwa ngalor thithik | lah ya ing kono kang padhang | aja sok nèng ngundhuk bae | doyan têmên undhuk diyan | marahi bocah lanang | mêngko suwe-suwe rusuh | sok marahi dadi gêndra ||

17. Kulawirya Jayèngragi | saya gumuyu alatah | dhasar mas pêtinggi kuwe | atutuk lamun micara | bisa gawe bêbasan | nora (m)bosêni yèn muwus | Ki Wirya ngling dhasar iya ||

18. Ki pêtinggi matur aris | lah puniku warnanira | pun Dèwi Tragnyana ngèdhèng | Ki Kulawirya anjola | e e kowe jawanya | rupane kang dadya riwuk | nyata yèn anduduk manah ||

454. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Kulawirya krêp aliyan dènnya lungguh | punapa-a kang pêtinggi | mawi ngêlèh naminipun | umatur mila puniki | ran Dèwi Taragnyana katon ||Lebih satu suku kata: ran Dèwi Tragnyana katon.

--- 8 : 161 ---

2. Tiyang ingkang sami kerut mring (m)bokayu | sasat katêluh ing dhêmit | awis ingkang sagêd mantuk | yèn botên sampun barindhil | dèn-undang-undanga ngepon ||

3. Jayèngraga angling lah paman dèn-gupuh | niyaga kèn-lêkas muni | sadhengahe gêndhingipun | coba ronggêngronggèng. kèn nyindhèni | Ki Kulawirya ngling alon ||

4. Kang pêtinggi mara bêdhèk bisa nabuh | matur inggih kêdhik-kêdhik | Ki Jayèngraga gumuyu | punapa kang dèn-bisani | ing ngrêbab awon-awonan ||§ Prayoginipun / inggih ngrêbab won-awonan /.

5. Kulawirya ngling lah apa ta ujarku | lah (n)dawêg kang dèn-rêbabi | Ki Suradigdaya gupuh | rêbab pinatut nêmnèki | lan gambang klèng klèng klong klong klong ||

6. Jayèngraga angling lah suwawi talu | Nang-onang kewala bêcik | wusnya pathêt nulya talu | nga nga ngi ngi nga nga ngi ngi | cêngkèngèng cêngèngèng ngèngngong ||

7. Kulawirya Jèngraga samya gumuyu | mring pacake ki pêtinggi | ibut badane sakojur | wilêde sahambêsusi | tutuping tangan sêjojor ||

8. Pangrêbabe sarwi (m)bêgènggèng abêsus | sikute ngêmbyak nut gêndhing | yèn ngêlik gulu tumungkul | yèn mring agêng gulu tangi | awake mèlu (ng)gak-enggok ||

9. Kang anggambang ngorèk wawalik abêsus | klang klèng klang klèng rik-thur rik-thir | kakêndhange angguguk | kêmpyang ngaplak ambagèni | kokosèkan rara ciblon ||

10. Nulya ronggèng ngêlik mêthit manis arum | gêtah rênyah muluk rujit | kalih rongèh dènnya lungguh | Kulawirya Jayèngragi | tyasira samya katujon ||

11. Wusnya nutug dènnra gêndhingan talu |Kurang satu suku kata: Wusnya nutug dènnira gêndhingan talu. nulya suwuk gêndhingnèki | Ki Kulawirya amuwus | iya tan kaya pawèstri | lan wong lanang bêcik wadon ||

--- 8 : 162 ---

12. Kari amblas ngêsing swara wilêtipun | Jèngraga nauri aris | gih-gihane paman niku | kantun sampun anggènèki | anyamlêng uloning wadon ||

13. Dènnya samya arêrasan langkung pundhuh | kêtiga lan ki pêtinggi | Jayèngrêsmi duk kadulu | mring kang paman lan kang rayi | tyas sigug kalangkung rikoh ||

14. Tan kadugi ngunandika jroning kalbu | dhasar wong tan pati mikir | si paman ngubungi kayun | lalu lamun anênêpi | ngupaya kang lunga andon ||

15. Jayèngrêsmi alon dènnira amuwus | manira paman pêtinggi | arsa singit maring tajug | sun ragi puyêng sakêdhik | yayi tutugna anjagong ||

16. Lawan paman Kulawirya pênêd kantun | kula mring tajug pribadi | kang liningan samyandhêku | ing karsa sampun andugi | ki pêtinggi gupoh-gupoh ||

17. Ngling mring rabi asaos gêlaran alus | kang kinèn gupuh nyaosi | Jayèngrêsmi lon amuwus | ngriku kewala Nuripin | tata kalasa paturon ||

18. Gya cinandhak mring Nuripin klasanipun | wus ginêlar anèng masjid | Jèngrêsmi tumamèng tajug | Nuripin kinèn mêtêki | sinaji dhêdharan nèng (ng)gon ||

19. Yata ingkang nèng pandhapa kang cacengkung | Jayèngraga angling aris | kyaine tan pati rêmbug | Kulawirya anauri | layake iya mangkono ||

20. Ki pêtinggi matur kados botênipun | maklum ingkang sami linggih | Ki Wirya angling gumuyu | dhasar pintêr ki pêtinggi | anjrudêmung kang kawiyos ||

--- 8 : 163 ---

455. Jurudêmung

1. Ki Jayèngraga ngandika | suwawi paman ywa tanggung | sami sasêmbèn wong nganggur | Kulawirya nambung sabda | ingon-ingone puniku | sènggane bok pinupuran | dandan pêsajan kang mungguh ||

2. Si Gêndra krêbèn drawela | Suradigdaya gumuyu | lah age sira bokayu | malbuwèng wisma sadhela | ngayu-ayuwa warnamu | dèn-kongsi dubilah setan | bèn padha mêjên andulu ||

3. Ronggèng nulya manjing wisma | wong nonton arêbut dhucung | samya masuk pandhapa gung | ngrungu gêndhènge si Gêndra | jalwèstri tan ana kantun | sêsêg jêjêl yêl-uyêlan | sabab tan nyana yèn nyêngkung ||

4. Jayèngraga lon lingira | dawêg paman malih talu | matur nanging rêbabipun | tan pati sagêd nganggeya | kêlayan gamêlanipun | kirang nglêgakakên manah | Ki Kulawirya amuwus ||

5. Punapa malih kinarya | tan wontên saliyanipun | puniku kewala sampun | kajawi wakane gadhah | Suradigdaya umatur | awon-awon inggih gadhah | Jayèngraga sru gumuyu ||

6. Sarwi muwus dene paman | puniku gadhah gangsa gung | suwawi nèh kèn-amundhut | Ki Suradigdaya sigra | kèngkèn mring wong baturipun | kang kinèn sigra mring wisma | amêndhêt gamêlanipun ||

7. Nulya tinatèng pêndhapa | rêbabe punthang abagus | ki pêtinggi nyandhak gupuh | laju pinatut nêmira | lan gambang sampun pikantuk | ki pêtinggi wuwusira | glis padha wangana gupuh ||

8. Si Citraguna majuwa | panjake mèluwa nabuh | ki pêtinggi tan sumurup | yèn tamune sarwa bisa | ing gêndhing barêng tinabuh | gya pathêtan cara desa | nulya ronggèng praptèng ngayun ||

9. Ki Kulawirya duk mulat | mring ronggèng si Gêndra bêsus | e e bilah nyata ayu | jowal-jawil mring Jèngraga | sarya ngling yo padha nabuh | ngrêbaba kang apik mana | karbèn eram kang andulu ||

--- 8 : 164 ---

10. Kang putra mêsêmmèsêm. ngandika | inggih mangke kula nabuh | lan paman prayoginipun | tanya mring Suradigdaya | paman kang (ng)gambang puniku | rikat kêciwa carukan | matur sadhèrèk Madiyun ||

11. Rumiyin lurah niyaga | tan pati kangsalan kayun | nèng ngriki krasan dêdunung | Jèngraga amundhut rêbab | coba ngong milu anabuh | angrêbab manawa bisa | pêtinggi ngaturkên gupuh ||

12. Rêbabe nulya tinampan | sinênggrèng ngèk nêm wus patut | Jèngraga mèsêm amuwus | lambanên bae anggambang | Citraguna sandika wus | gya sasêndhon pathêt sanga | kosok lamba lus amuput ||

13. Jarijinya nyêkênthung raras | lir kalajêngking angêntup | ngêmbat kawat ngêntul-êntul | gêtêre miwil angapag | tumèmbêl tutupanipun | pacake nyètra Mêdura§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / nyêtra miruda /. | kang ningali samya wuyung ||

14. Mring dhayoh kang bisa ngrêbab | ni pêtinggi dènnya (n)dulu | kêlawan nak putunipun | nèng lawang wisma winêngan | bok lanjar mèsêm abêsus | tingkahe amrih kêtara | krêp idu krêp malbu mêtu ||

15. Kedanan mring Jayèngraga | angrêbab bêsus abagus | ni lanjar kèh polahipun | kedanan nora kêlawan | Jèngraga ewa andulu | kang dadya paraning tingal | mring bok rara (n)Dhuk kayungyun ||

16. Mêksih jêbên kêtanggungan | ni rara wayah rumucuh | suluh mukanya sumunu | lir sudama miyak ima | Suradigdaya malengak | ningali mring tamunipun ||

17. Niyaga (n)jomblong sadaya | mring kang ngrêbab wilêtipun | sor pra niyaga sêdarum | ki pêtinggi suka-suka | kasmaran marang sang bagus | matur sumangga gêndhingan | kawula ngaos ngêsipun ||

18. Ki Jayèngraga lingira | lah paman sêwawi ngriku | prayogi sami nênabuh | pun paman ingkang angêndhang | Ki Kulawirya amuwus | ya mara coba ngong-ngêndhang | Ki Jayèngraga agupuh ||

--- 8 : 165 ---

19. Anyênggrèng rêbab gya buka | Gambirsawit gêndhingipun | tinampan kêndhang gongipun | sêrancak munya araras | kinèn ririh kang anabuh | cinara ing Wanamarta | nulya aririh kang nabuh ||

20. Sêdhêngan iramanira | ririh sru kapara landhung | rêmpêk ricike ambyantu | sêjanturing pêwayangan | ki pêtinggi sakêlangkung | dènnira asuka-suka | mring tamu sangêt angugung ||

21. Jèngraga ngliring mring Gêndra | ki pêtinggi wruh ing sêmu | ngling wus mara ta dèn-gupuh | sarya ngêjèpi Jèngraga | gya gêndhènggêndhing. ngêlik mrit arum | swarane kanthi sêmbaga | dhêsthi pèlèt cinthung dhuyung ||

22. Ulate atitilapan | Ki Kulawirya kêsangkut | ing mêmanising pandulu | kerut ing sumbaga gêndam | dènnira ngêndhang agathung§ Prayoginipun / angganthung /. | busuk tyasira sêkala | sakênong tangannya kêju ||

23. (n)Jêbèbèk nganggur tan ngêndhang | akodhêng iramanipun | JêngragaJèngraga. mèsêm andulu | ki pêtinggi latah-latah | Kulawirya dhat anjumbul | saryangling mara ngadêga | pêtinggi gupuh anuduh ||

24. Lah wus (m)bok Gêndra ngibinga | kang liningan dyan anggambyung | ngarigêg jêjêran alus | Gambirsawite aniba | nêsêg sêdhêng ambiyantu | ronggèng nalètèr kalangan | sirig tingtingan ngêdhuyuk ||

25. Sarwa wèh ulat sêdhètan | longah-langèh nampèl pupu | ngujiwat ngècèr pandulu | wong nonton kenging ngèsêman | pating galêmbor akukuk | samya (m)bêkik sumyak-sumyak | kacinthung atine bingung ||

26. yèn gambyong ronggèng si Gêndra | anangèkakên babêndhul | anocong kadi tinangkur | (m)bêngkayang padha sadhela | kabèh padha kudu ngrangkul | grêgêtên anganta-anta | sawênèh ana kang (m)bêsur ||

27. Gramèh wong wadon dhêsêkan | cêg guwêg anyuwol susu | ngengokkên janggut angambung | sru (n)jêlih biyang dilabrag | dikrocok uwong angambung | wonge glis dènnya umpêtan | brêkate wong akèh rusuh ||

--- 8 : 166 ---

28. Turut gêdhèg yêl-uyêlan | carup wor èstri lan jalu | cêlêr-cinêlèr calimut | ana salendhange ilang | jariting bocah rinawuk | pêndhok myang kêris dèn-wilah | gègèr sadhela gya tungtum ||

29. Mangkana kang talèdhèkan | gêndhingira nulya suwuk | Kulawirya gung gumuyu | muwus mring Suradigdaya | kèn-minggah ngambèn puniku | bok Gêndra ngong yun waspada | Suradigdaya agupuh ||

30. Angatag minggah bok Gêndra | kang liningan sigra lungguh | kêdhêkês asila panggung | Ki Kulawirya aberag | supe pranataning laku | ragi katêmbèn tanggapan | krajane dhewe tan laku ||

31. Bisik-bisik mring Jèngraga | sènggane talèdhèk iku | binêdhong sadhela yèn wus | Jèngraga ngling kenging uga | kawula tan pati kudu | namung kang dadya tyas-kula | niku sang rare rumucuh ||

32. Kadya sun pêksa-pêksa-a | si Êndhuk kang maksih tanggung | dos-pundi mring kengingipun | cêdhaka turu kewala | marêm tyas-kula tan riwut | Ki KalawiryaKulawirya. anabda | ya iku rada pakewuh ||

33. Wa-mono mêngko yèn ana | jalaraning rêmbug patut | Jèngraga lêga tyasipun | gya Ki Kulawirya mojar | kang pêtinggi sèngganipun | prayogi kakang ambêksa | amrih rakêting apangguh ||

34. Suradigdaya abèngkrak | inggih sumangga ing kayun | nging wontên kuciwanipun | prayoga mawi lodhongan | Ki Kulawirya gumuyu | lodhongan prèhipun kakang | matur yèn ngriki anginum ||

35. Arak brêm tape wêragang | owêl gêndhing-gêndhingipun | angibing sarwi anginum | Jayèngraga Kulawirya | anjurung sakayunipun | samya gumujêng lah paman | punapa gêndhinganipun ||

36. Matur ki pêtinggi latah | kajawi pun Pêtung-wulung | Kulawirya sru gumuyu | lah niku inggih prayogi | sêwawi anakmas talu | Jayèngraga nyandhak rêbab | sigra buka Pêtung-wulung ||

37. Tinampan kêndhang gongira | rucik barung umyang arum | Ki Suradigdaya gupuh | mundhut sondhèr plangi abang | wus mêndhêt arak nèng buyung | ngundang sanak-sanakira | kèn nyêlak dènnira lungguh ||

38. Wus kapang nèng ngisorira | samya rak-arakan nginum | glis rame brabah gumuruh | ngombe ciyu ciya-ciya | glênggang-glênggêng [glênggang-...]

--- 8 : 167 ---

[...glênggêng] cara banyu | Jayèngraga Kulawirya | giris myat kang sami nginum ||

456. GirisaGirisa terdiri dari 8 baris, yang semua guru lagu: a.

1. Ki pêtinggi wuwusira | mêngko yèn manira bêksa | kang rame padha kêploka | samya sumaur agiyak | têlèdhèk wus ngadêg tandhak | Kulawirya wuwusira | lah kakang Suradigdaya | wawi sêdhênge malandang ||

2. Kang liningan sigra tandhak | (m)balêdhèh wêtêng (m)balêndhang | kêkêrisane singkuran | ikêt du-mancung dhèblèngan | kacu bathik talêkêman | sabendha salaka lusan | ngêlèwèr sumampir pundhak | brêngose pinidih ranggah ||

3. Capang godhèg pèlawangan | simbar dhadha ambêlabar | marang wêtêng wudêlira | sêmbada pawakanira | (m)balênthot lêngènlêngên. kucingan | mathêkêl otot byuk kiyal | têpak pundhake gandhikan | ambêdhudhag dhadha jêmbar ||

4. Sêmbada lan bêksanira | kêthuwêl gluwêr kêbatnya | andhasar tangan mèk-mèkan | lir gogo iwak jron toya | angêntrog awak (n)jot-njotan | anyangkrung-nyangkrung incêngan | ulêt lir manuk lolohan | pacak gulune êlêdan ||

5. Pinondhong têlèdhèkira | sinurak wong kusêntanan | kêploke abêbendrongan | wor gumyake janma kathah | gumêrah sru mawurahan | samya gumuyu gêr-gêran | têlèdhèk anèng pondhongan | sarya gambyung ngayang-ayang ||

6. Têlèdhèk ngêlik araras | gumrining anggêtas rênyah | lir suling ngêlong tutupan | aliyu-liyu liyêpan | sêmbada parikanira | cêcak gombèl macan galar | ambêlarat dhasar mlèrètmlarat. | pêtinggining wong ing Kêplêng ||Guru lagu seharusnya: 8a, pêtinggining wong ing Kêplêng.

7. Buta marta dwijawara | dênawa panglêbur jagad | dadi ati kawulanekawulanya. | kalane nora dhèwèkan | puspa laya ing gêlungan | pari majêr anggêlagah | layonana-layonana | si Gêndra anèng kalangan ||

8. Kang nonton samya gumêrah | kêplokira nora tata | saking sangêt bungahira | mangkana ingkang ambêksa | ingudhunkên talèdhèknya |

--- 8 : 168 ---

akathah ing rekanira | ronggèng nandêr anêrancag | ing pupu gya pinagolan ||

9. Cêthik lambung cinakêpan | tan kêndhat pangibingira | anutug dènnira suka | mudhun kalepat klêtêran | wus dangu antaranira | ki pêtinggi tombokira | patang wang ginêgêm tangan | sinuwêlkên jro kêmbênnya ||

10. Kumrincing ngêsokkên arta | tangan nguyêg payudara | grêgêtên pamidihira | asangêt panggêlintirnya | mumundri kaya pêcaha | ni Gêndra abêntayangan | sarya anyablèki tangan | pan sarya ngêsês sêsambat ||

11. Ah biyang tan kira-kira | kantèk pêdhês rasanira | ambakna wong tan sêmanak | gêr ginuyu ing akathah | Jèngraga gumujêng suka | Kulawirya latah-latah | gya suwuk gêndhingira |Kurang satu suku kata: gya suwuk gêndhinganira. ronggèng niyaga araryan ||

12. Gêndra maksih paringisan | Kulawirya mèsêm nabda | geneya iku bok Gêndra | dene dêlênge ngrêsula | kono ing ambèn lungguha | si Gêndra alon turira | dèn-rêmêt sru anu-kula | pêdhês lir pêdhot-pêdhota ||

13. Suradigdaya alatah | tak pindho manèh mêngko ga | si Gêndra malêruk ngucap | èh èlah ora-ra-a |Kurang satu suku kata: èh èlah ora-ora-a. Ki Wirya gumuyu suka | saryangling marang si Gêndra | anu mono iku apa | Gêndra mèsêm angujiwat ||

14. Kulawirya lir kêpinjal | mêndêm mring gêndaming GendraGêndra. | tyasira sangêt kêrkuhan | dènyarsa nêmpuh bok Gêndra | amrih singluning pêningal | pêkewuh panggonannira | ing wanci mèh bêdhug tiga | Jèngraga alon ngandika ||

15. Lah paman sami bubaran | asangêt panrima-kula | kusung-kusunge pun paman | kularsa lêson kewala | dinugèkakên priyangga | sanak-sanak kang samyarsa | wong nganggur lêlangên jogan | ki pêtinggi aturira ||

16. Sumangga sakarsaneka | nulya kèn saos gêlaran | kajang sirah sêmbagi bang | sumaos anèng pungkuran | Jayèngraga gya sareyan | Ki Kulawirya anulya | bisik mring Suradigdaya | puniku mungguh manira ||

--- 8 : 169 ---

17. Putrandika Jayèngraga | sampun kongsi kêtanggêlan | (ng)gènnipun rumaketrumakêt. kakang | aprayogi kinurmatan | ngaturan têmon jro wisma | supaya pikantuk nendra | punika watêkanira | yèn wontên kang dadya manah ||

18. Kalangkung bère pêradhah | ngêmpuni kang kêtangêlankêtanggêlan. | sami-sami putranira | (n)Jêng Kyai Bayi Panurta | kaugung alit milanya | puniku yèn anèng ngrika | asor putraning dipatya | sakêrsa tan purun malang ||

19. Lamun parêng tyase kakang | putrandika nimbok rara | kèn ngadhêp ngarsa kewala | mangsi ngangkaha punapa | darapon tulus (ng)gènnira | angakên milu susuta | dadya pun kakang katingal | pasrahe manah lêgawa ||

20. Kula suprih têmbenipunGuru lagu seharusnya: 8a, Kula suprih ing tembenya. | tulusipun pawong-mitra | yèn lajêng langkung suka |Kurang satu suku kata: yèn lajêng kalangkung suka. gumuyu angling pêsaja | o inggih dhatêng sumangga | kalangkung dening prayoga | datan rumaos sumêlang ||

21. Dèn bêdhèla brak kawula | botên anggrantês satuma | karsa nampar tiyang nistha | amundhut ing anak kula | nulya Ki Suradigdaya | malbèng wisma lon lingira | mring rabi wis tinuturan | kang wadon datan lênggana ||

22. Gya rinukti panggenannya | wus samêkta nulya mêdal | matur mring Ki Kulawirya | sampun miranti ing wisma | nulya winungu kang putra | ngaturan layap jro wisma | nauri ngriki kewala | Suradigdaya turira ||

23. Prayogi nèng jroning wisma | nulya wungu Jayèngraga | tumama mring pasareyan | ni pêtinggi wuwusira | sutane kinèn amarak | nèng ngarsane Jayèngraga | ingatêrkên nulya prapta | angling wus sira kariya ||

24. Ladènana ramanira | yèn mêmundhut aturana | aja wêdi-wêdi sira | iku ramanira dhawak | nulya tinilar sutanya | ni pêtinggi mring pandhapa | nèng ngambèn cilik ngarêpan | yata Ki Suradigdaya ||

25. Undhang mring nak putunira | kinèn (m)bêksa talèdhèkan | nutug samya suka-suka | wau kang anèng ing wisma | Jayèngraga sêsarêngan | tumingal marang bok rara | kalangkung sukaning

--- 8 : 170 ---

driya | tyasira awirangrongan ||