Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 9 : [0] ---

SÊRAT CÊNTHINI LATIN 9

YAYASAN CÊNTHINI YOGYAKARTA

--- 9 : [i] ---

SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS)

Yasandalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta.

JILID IX

Kalatinakên Miturut Aslinipun dening KAMAJAYA

[Grafik]

Penerbit: YAYASAN CÊNTHINI Yogyakarta, 1990

--- 9 : [ii] ---

Penerbitan punika dipunwragadi dening Dana Banpres S.K. No. 030/8/Th.1988 Tgl. 29-2-1988.

Babon ingkang kalatinakên

Sêrat CênthiniDitulis dengan huruf Jawa.

SÊRAT CÊNTHINI

Koleksi: Balai Kajian Sejarah dan Nilai Tradisional Ditjen Kebudayaan Dep. P dan K Yogyakarta.

Hak Cipta Dilindungi Undang-Undang

Penerbit: Yayasan Centhini

Buku ini dicetak dengan sumbangan Perum Balai Pustaka

--- 9 : iii ---

PATHOKAN NGLATINAKÊN SÊRAT CÊNTHINI

Pathokan nglatinakên (transliterasi) Sêrat Cênthini kados ing ngandhap punika:

1. Dhasaring pathokan 'Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan', Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta 1977.

2. Pangalih-aksara muhung miturut aksara Jawinipun. Pramila wontên satunggal têmbung sêratanipun Latin warni-warni, kadosta:

sudigbya - sudibya;

masjid - mêsjid - masjit;

watak - watêk - watag.

3. Aksara Jawi kasêrat Latin:

caDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... c

daDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... d

dhaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... dh

jaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... j

yaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... y

nyaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... ny

thaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... th

4. Sandhangan swantên taling (eDitulis dengan huruf Jawa. ) dipunsêrat: /e/.

Swantên taling ingkang beda pamaosipun kalihan /e/, kasêrat kanthi tandha (diakritik) /è/, i.p. tumrap têmbung-têmbung ingkang kaanggêp pêrlu dipunsukani tandha, kadosta:

Èmpêr - èmpèr;

Lêmpêr - lèmpèr;

Gêgêr - gègèr.

5. Sandhangan swantên pêpêt (êDitulis dengan huruf Jawa. ) dipunsêrat /ê/.

6. Murih runtut saha gampil panglacakipun sabên pupuh dipunwêwahi angka urut: I, II (angka Romawi) sarta pada angka urut: 1, 2 lst.

--- 9 : iv ---

7. Angka urut kaca isining buku jilid 1 angka 1 dumugi tamating jilid 1, kaca 332. Ing jilid-jilid lajêngipun sabên jilid kawiwitan saking kaca 1.

8. Migunakakên têtêngêr:

( ): kangge ngapit perangan wêwahan, kadosta: (m)botên, (ng)gèr, (n)dadosakên.

(?): têtêngêr perangan ingkang mbotên cêtha utawi ingkang risak.

[ ]: ingkang wontên salêbêting têtêngêr punika, botên pêrlu kawaos.

9. Kalêpatan ing dalêm naskah, upaminipun: /gagal/ kaparingan tandha...*) ing wingkingipun, salajêngipun ing ngandhap wontên cathêtan (footnote): prayoginipun /gigal/ = dhawah.

--- 9 : v ---

ISINIPUN SERAT CÊNTHINI IX

Sêrat Cênthini Jilid IX isi 93 pupuh, wiwit pupuh 507 dumugi pupuh 599. ... kaca 1-294

Urut-urutan saha gancaring cariyos kados ing ngandhap punika:

I. Tayuban ing dhusun Pulung

1. Ing griyanipun mbok randha Sêmbada kawontênakên tayuban, ngurmati tamunipun, Ki Kulawirya tuwin Jayèngraga. Mbok randha wontên ing pandhapa ingkang kabladhah kadosdene gadhah damêl mantu. Ronggèng Nyi Madu dhatêng, kasusul para tamu lurah, dêmang, pêtinggi, bundhêl ing dhusun sakiwa-têngênipun sami mangangge warni-warni dipun kêtog sagadhahipun. Ing langgar Ki Kulawirya tuwin Jayèngraga kasusul Nyi Kacêr supados enggal lumêbêt ing griya, dipun sêdhiyani santun pangangge ingkang pilihan. Ki pangulu Jabalodin ugi dhatêng sakalihan semahipun.

Gamêlan wiwit kaungêlakên. Tiyang ningali sakalangkung kathah, sami pating jalêrit, suk-sukan sakajêng-kajêngipun, kapara wontên ingkang tumindak rêsah. Jayèngraga dados pangalêman bagusipun. Kaum Duljaya dados pangagênging sinoman, Nuripin tumut ngladosi tamu. ... kaca 1-6.

2. Gêndhing mungêl binarung swantêning waranggana, tiyang ningali sangsaya nêsêg. Ladosan unjukan, pakinangan lan panganan mawarni-warni.

--- 9 : vi ---

Duljaya ngêdalakên inuman arak. Ki Kulawirya botên kêrsa nginum. Sadaya tamu radin-radin sami anginum. Duljana miwiti nginum sagêlas kêbak, lajêng nyandra lêlageanipun tiyang nginum arak. Wiwit ngombe sagêlas cinandra: 'eka padma-sari' dumugi sadasa gêlas, candranipun: 'dasa buta mati''. Tamu-tamu rame umyung poyok-pinoyok ngatingalakên kêkêndêlanipun nginum, wasana wontên ingkang mêndêm balokekan.

Talèdhèk wiwit ngibing, Kulawirya miwiti bêksa, lajêng kasusul sanès-sanèsipun, sami tombok arta dhatêng ronggèng. Jayèngraga botên purun bêksa, namung tumut nabuh gamêlan, Kacêr ingkang sampun macak ronggèng ugi lajêng bêksa.

Tingkahipun para nayub katingal rêsah, tombokipun arta kasêsêlakên salêbêting kêmbên kalihan malintir payudara. Warni-warni solahipun tamu para nayub, sadaya ngumbar kêkajêngan amargi sampun sami kêkathahên nginum arak. Kathah tamu ingkang ngantos brindhil têlas-têlasan.

Nyi Randha lajêng lumêbêt, pêrlu ndumugèkakên nafsu sanggamanipun. Sasampunipun angsal tiyang tiga, lajêng wangsul dhatêng pandhapi ... kaca 6-21.

3. Ing pêngulon, anakipun Ki pêngulu wasta Sangidah gandrung dhatêng Jayèngrêsmi, nekad nusul tilêm Jayèngrêsmi. Jayèngrêsmi kêkah botên anglanggati. Benjing kemawon badhe dipun ampiri sawangsulipun ngupadi sadhèrèkipun sêpuh. Sangidah botên mangsuli, lajêng kesah ngajak Ni Gritu ningali gambyong. Ing kalangan tayuban sangsaya rame. Para dêmang, pêtinggi, bundhêl sami jor-joran nginum, tombok lan ngibing. Ki pêngulu Jabalodin pinêksa-pêksa ngibing lan nginum, tombok ngantos têlas-têlasan, kantun sruwal koloran. Nyi randha akên tiyang ing njawi, supados mlêbêt

--- 9 : vii ---

tumut nayub, mila sangsaya rame.

Ing satêngahipun tiyang ningali wontên wulanjar nama Tarijah ingkang tansah pasang ulat dhatêng Jayèngraga. Nuripin kautus Jayèngraga ingkang ngêrsakakên ni wulanjar, katampi kanthi bingahing manah.

Kulawirya tuwin ronggèng kalih mangangge sarwi gumêbyar, Nyi randha Sêmbada mangangge jalêr sarwi mompyor, adamêl cingakipun para ningali.

Kêkalihipun sami ngibing, kinurmatan ungêling drèl. Ronggèng kalih ngibing ngebarakên kasagêdanipun, sadaya ngungun dene ronggèng wau kadosdene santun rupi ayu sangêt. ... kaca 22-33.

4. Jayèngraga mituruti panyuwunipun nyi randha, lajêng bêksa Panji. Ngalela bagusing warni lan endahing bêksanipun, kinurmatan ungêling drèl dening para tamu ingkang sami mbêkta bêdhil. Nyi randha ugi bêksa lan nginum. Kulawirya ugi lajêng bêksa linarihan para ronggèng. Duljaya ewa ningali Kulawirya, lajêng binalang sela, kenging bathukipun saengga bênjut.

Jayèngraga nyasmitani wulanjar Tarijah supados ngrumiyini mantuk, lajêng kasusul. Ing griyanipun Nyi Tarijah. Jayèngraga nêdhêngipun karon sih katungka dhatêngipun Janawang bedhangipun Tarijah. Sukunipun Jayèngraga katarik lajêng katilar lumajêng kanthi sêsumbar. Jayèngraga sakalangkung kuciwa manahipun, nguman-uman ni wulanjar. Rasukan lan lopak-lopokipunlopak-lopakipun. mas kantun, manjing bêgjanipun Ni Tarijah. ... kaca 33-45.

5. Ki Kulawirya mituruti Nyi randha Sêmbada apulangraras. Tingkahipun sakêlangkung rêsah. Sasampunipun rampung Ki Kulawirya pamit, dipun sangoni [sa...]

--- 9 : viii ---

[...ngoni] arta tuwin pangangge. Wêkdal andungkap Subuh Kulawirya adus jinabad ing sêndhang, kapanggih Nuripin lan Jayèngraga, sami nyariyosakên lêlampahanipun piyambak-piyambak.

Nuripin ngrumiyini lampah dhatêng Kauman. Jayèngrêsmi pamit ki pêngulu, kacandhêt botên kêrsa jalaran kaêntosan dening paman lan rayinipun. ... kaca 45-48.

II. Jayèngrêsmi dalah paman, rayi lan santri Nuripin dumugi guwa Padhali. Wontên kaelokan i.p. wit wringin, kelor, sawo lan sêmboja sami awoh nangka.

1. Bakda Subuh para andon-lampah nglajêngakên lampahipun tumuju dhatêng Lêmbuasta, padununganipun mitranipun Ki Bayi Panurta. Dumugi ing guwa Padhali Jayèngrêsmi lan Jayèngraga sumêrêp kaelokan, i.p. wit wringin, kelor, sawo lan sêmboja sami awoh nangka, eca katêdha. Kulawirya lan Nuripin botên sami sumêrap kaelokan wau. Dalunipun sami nyipêng ing guwa Padhali.

Jayèngrêsmi rêraosan bab lampahing gêsang ingkang botên sasar ngantos bab hikmahing ngèlmu sarengat. Bangun enjang sabakdanipun salat Subuh, kadhatêngan tiyang satêngah sêpuh ingkang ngampirakên ing griyanipun. ... kaca 49-62.

2. Mampir ing griyanipun Ki Sinduraga angsal katrangan, bilih kaelokan wringin lan sanès-sanèsipun sami awoh nangka punika pratandha pikantuk idayat.

Ki Wisma nyariyosakên bab dhusun Wêngkêr ingkang ugi kasêbut pura Katongan, punika ing nguni kadhatonipun Bathara Katong, kajlèntrèhakên sil-silahipun Bathara Katong ngantos dados adipati ing Pranaraga lan sumare ing ngriku.

--- 9 : ix ---

Ki Sinduraga nyariyosakên lêlampahanipun nalika jêjaka, gadhah mitra wolu, sanga piyambakipun sami tunggil tekad, kalêbêt Ki Bayi Panurta. Mila lajêng sami akrab.

Ki Wisma lan tamunipun sami salat Luhur ing masjid Tajug, punika yasanipun Kyai Tajug ngulama saking Giri. Salajêngipun sami rêrêmbagan bab babaring kasidan ing dalêm iktikad, kasing salat, tataran mukmin dumugi mukmin mukib (tataran 9). Bakda Ngisa kasêgah nêdha, ingkang ngladosi anakipun Ki Sinduraga kalih: 1. wulanjar Ni Wasita; 2. adhinipun, prawan Warsiti. Kêkalihipun sami gadhah krêntêg dhatêng Jayèngraga nanging kapêpêr jalaran sampun kasadhèrèkakên dening bapakipun. Dalunipun sami akrab têrbangan singiran. ... kaca 62-83.

3. Enjingipun sasampunipun kêmbul sarapan, para tamu bidhal dhatêng rêdi Padhangeyan kanthi panêdah margi Ki Wanalela, mêdal dhusun Seladhakon dumugi Astana (Sêtana) Pakuncèn, pasareyanipun Bathara Katong, pêpundhèning Pranaraga. Pangulunipun Amadiman nyêgah dawêgan lan ngaturi pisang, kabêkta Nuripin.

Dumugi ing Jênangan kasêgah dening pêtinggi Narakosa, nyariyosakên bilih sela ingkang dhapur towok ing ngriku, punika ing nguni towokipun satriya Panji dalah sêntananipun ingkang sami mbêbêdhag ing wana Padhangeyan. ... kaca 83-91.

III. Jayèngrêsmi dalah kanthinipun ngadhêp Ki Sèh Sidalaku ing rêdi Padhangeyan, katêdahakên guwa Sêntor pasênêtanipun Nyai Agêng Jênangan (Dèwi Kilisuci). Lajêng sami kawêjang bab kawruh warni-warni kalêbêt isinipun Sêrat Panitisastra.

--- 9 : x ---

1. Saking watu towok, Jayèngrêsmi sakanthinipun nglajêngakên lampah kadhèrèkakên Ki Wanalela. Wanci sêrap surya dumugi ing padhepokanipun Ki Sèh Sidalaku inggih Ki Wargasastra ugi mitranipun Ki Bayi Panurta.

Jayèngrêsmi ngaturakên wigatosing lampah ngupadi Sèh Amongraga. Ngandikanipun Ki Sèh Sidalaku, Sèh Amongraga taksih nglajêngakên tekadipun, ing wêkasan badhe kababar ing Tunjungbang, prasasat nyawiji kalihan Sultan Agung. Dalunipun nêdhêng wulan purnama, Ki Sèh Sidalaku kadhèrèkakên Jayèngrêsmi sakanthinipun pêrlu nitik pêrtapan. Mangalèr dumugi ing guwa Sêntor, ing salêbêtipun wontên sela-sela mawarni-warni. Punika têrusanipun guwa Pedhali. Mêdal saking ngriku anjajah sakiwa-têngênipun. Katêrangakên bilih guwa Sêntor punika patilasanipun Nyi Agêng Jênêngan (Dèwi KilusiciKilisuci. paramparanipun para rayi-nata ing Kêdhiri lss. Kasambêt cariyosipun Panji mênang pêrang mêngsah Bali. Jayaning prang wau awit saking anggènipun sami têtèki ing Padhangeyan, mila ing laladan ngriku kathah patilasaning pêrtapan. Nadyan jaya ing jurit, Panji Asmarabangun tansah manungku puja mrih widadaning wêkasan. Lampahipun anut kabudan.

Ki Sidalaku nêrangakên dhaupipun lampah kabudan kalihan saraking agami Islam, kasambêt bab ajaran (pitêdah) mawarni-warni, bab kawicaksanan lair batos ngantos bab utamining kawêkasan kasbut ing Sêrat Panitisastra, kasambêt bab Sandisastra lan Sandi-kirana i.p. gêgêbênganipun aksara Jawi ingkang mêngku pralambang lan pitêdah warni-warni. ... kaca 91-124.

--- 9 : xi ---

IV. Para andon lampah nglajêngakên lampahipun dumugi ing rêdi Bajangkaki, kapanggih Ki Dhatuk, kawêjang bab liring kadonyan lan akerat.

1. Bakda Subuh para andon lampah nglajêngakên lampah kadhèrèkakên Ki Pakuwaja. Miturut Ki Pakuwaja rêdi Bajangkaki punika wingit, ndadak Nuripin nyênyamah wujudipun rêdi wau kados kaki-kaki wungkuk watuk-watuk.

Sanalika sami kataman pancabaya, pêtêng ndhêdhêt kasusul jawah dêrês campur prahara, blêdhèg sêsambêran. Sadaya botên sagêd minggah ing rêdi, sami kaplorot ngantos dhawah kuwalik-walik. Nuripin kacêpit ing kayu-urip. Jayèngrêsmi lan Jayèngraga sami mêsu-budi nyuwun pitulunging Pangeran, wasana pancabaya sirêp saking sakêdhik; sadaya lajêng kèndêl sangandhaping wit, katungka dhatêngipun tiyang sêpuh ingkang mangangge sarwi lungsêt, punika Ki Dhatuk, ngampirakên dhatêng griyanipun ing dhusun Prantèn, sami kasêgah nêdha. Lajêng mangkat ngêtutakên Ki Dhatuk, kèndêl ing guwa Sangsangan, kalajêngakên andêdêr dumugi papaning andha dêling kangge minggah rêdi. Dumugi ing nginggil lêrêm sawatawis, katungka dhatêngipun sabatipun Ki Dhatuk sami ambêkta clupak tuwin sêgahan. Sasampunipun sami nêdha, Ki Dhatuk sawêg andangu para andon lampah wau, nama, pinangka lan sêdyanipun. Sadaya matur barès saengga Ki Dhatuk (Danumaya) sakalangkung kapranan kapanggih putra lan adhining mitranipun duk nèm-nèmanipun. Mas Arundaya, inggih Ki Bayi Panurta.

Ki Dhatuk paring wêjangan bab sampurnaning iman ing kasidan. Dhawuhipun, Sèh Amongraga

--- 9 : xii ---

botên sagêd ginêlak sagêdipun kêpanggih kêjawi ngêntosi saatipun. Lajêng mêjang bab kêkêraning dunya lan akerat, sarta bab tokit sampun ngantos salah wèwèng. Sinambêt wawan rêmbag bab ngèlmi, muyêg, gayêng lan nêngsêmakên. ... kaca 125-143.

2. Bakda Subuh para andon lampah pamit, kaprayogèkakên dhatêng ing Kalangbrèt, Trênggalèk lan Lêmbuasta panggenanipun Kidang Wiracapa, ugi mitranipun Ki Bayi Panurta.

Ing têngah margi ki Pakujiwa kadhawuhan wangsul, lajêng pêpisahan. Lajênging lampah rêkaos jalaran marginipun bêntèr ngênthak-ênthak, lajêng ngaso ing ngandhaping wit kosambi. Mangkat malih, wanci sêrap ngajêngakên Mahrib ngênêr padhusunan. ... kaca 144-151.

V. Lampahipun dumugi ing dhusun Têgarèn, sipêng ing griyanipun pêtinggi nama Candragêni. Jêbulipun punika benggoling durjana. Para andon lampah kakroyok nanging Ki Kulawirya kuwawa nanggulangi.

Dumugi ing dhusun Têgarèn, sipêng ing griyanipun pêtinggi nama Candragêni. Pêtinggi punika saèstunipun benggoling durjana. Wanci têngah dalu kancanipun para durjana sami dhatêng, sami nyêrèt, suka-suka, gêgujêngan, umuk-umukan bab ngèlmu durjana, kanuragan lss. Botên maelu wontênipun tamu. Kalirik, katingal para tamu sami mrabot, dhuwungipun sae, dados kamanah buntêlan ingkang kabêkta rancangipunrencangipun. punika mêsthi bandha ingkang pangaos.

Namaning durjana mawarni-warni, tingkahipun sarwi murang-tata. Ingkang karêmbag bab-bab petangan apês lan jayaning pandung sarta anggènipun [ang...]

--- 9 : xiii ---

[...gènipun] sami mandung, mbegal, ngrampok lss. Angajrih-ajrihi. Ing wanci lingsir dalu Candragêni suka sasmita, para durjana lajêng tumindak badhe mêrjaya para tamu pêrlu ngrêbat barang bêktanipun. Dilah kapêjahan, para tamu dipun kroyok. Jayèngrêsmi lan mire, Nuripin umpêtan ing ngandhap ambèn kaidak-idak kangge ajang tawur. Namung Ki Kulawirya piyambak ingkang lumawan kanthi trampil têguh wêntala. Para durjana ngroyok kanthi sanjata klewang, berang, tumbak, towok, granggang, ewadene Ki Kulawirya lumawan tanpa sanjata. Saking wêgig lan trampilipun sanjataning durjana tinêrjang, tinangkis sami dhawah, tiyangipun tinêrjang, jinotos, dhinupak, sinikut, tinapuk, tinêmpiling dhawah kasulayah. Wêkasan para durjana sami lumajêng bibar sarsaran. Dumadakan kapirêng suwantênipun Nuripin ngrêrintih sambat sakit ing sangandhaping ambèn, lajêng sami dipun pitulungi.

Para andon lampah oncat saking dhusun Têgarèn, nglajêngakên lampah dumugi ing dhusun Longsor. Pêtingginipun nama Raga-mênggala, modinipun Nurbayin. ... kaca 152-193.

VI. Dumugi ing dhuwundhusun.

Longsor, para andon lampah sipêng ing griyanipun Kaum Ki Nurbayin ingkang gadhah anak tiga, prawan kasèp, sumêngka ing asmara sami nubruk Jayèngraga.

1. Dumugi ing dhusun Longsor, para andon lampah sipêng ing griyanipun Kaum Nurbayin. Dhusun Longsor punika kineringan dening sakiwa-têngênipun jalaran pêtingginipun nama Raga-mênggala sagêd srawung ing ngakathah, manahipun sae, budinipun santosa.

--- 9 : xiv ---

Dalunipun kasêgah nêdha dipun ladosi Nyi Nurbayin lan anakipun têtiga prawan kasèp, rupinipun kuciwa, nama Banêm, Banikêm lan Baniyah. Solah-tingkahipun dinamêl-damêl murih kinasihana. Pêtinggi Raga-mênggala kalihan tiyang sawatawis sami dhatêng pêrlu ngurmati tamunipun Ki Nurbayin. Para tamu dipun aturi lêrêm ing griyanipun pêtinggi, nanging sami milih ing griyanipun Nurbayin. Ki pêtinggi atur pasêgah sakalangkung pêpak.

Jayèngrêsmi nyariyosakên anggènipun kêsasar, sipêng ing griyanipun benggoling durjana, sami dipun kroyok, nanging wilujêng.

Mirêng cariyos wau, ki pêtinggi lajêng kèngêtan bilih ing ngriku wontên tiyang tiga saking Têgarèn, lajêng sami dipun takèni. Aturipun, para durjana sami anukup têtamu awit saking pangajakipun Brajalamatan, Brajalintang lan Dhadhungawuk. Sanèsipun namung tumut kemawon. Tiyang tiga wau sami nandhang tatu, mila sakalangkung ajrihipun. Kulawirya paring arta tigang reyal dhatêng para durjana ingkang sami nandhang tatu kangge tumbas jampi.

Ki pêtinggi atur katrangan bilih dhusun Longsor punika kalêbêt talatah Trênggalèk Lêmbuasta. Mila tindakipun para andon lampah badhe kadhèrèkakên ki pêtinggi piyambak. Lajêng rêrêmbagan bab têtanèn mawi petang tuwin sarat sarana wiwit panggaraping sabin murih wilujêng kalis ing ama. Sadaya wau miturut tuntunanipun Ki Nurbayin. ... kaca 193-214.

2. Têngah dalu sami bibaran, Jayèngrêsmi ngaso ing langgar, Kulawirya lan Nuripin ing paningrat. Namung Jayèngraga ingkang tilêm ing griya. Ki Nurbayin lan semahipun lumêbêt ing sênthong têrus tilêm.

--- 9 : xv ---

Anak-anakipun Ki Nurbayin prawan têtiga sami gêgujêngan. Ingkang karêmbag anggènipun sami nginjên bapak-êmbokipun sami salulut.

Saking adrêngipun manah kêpengin pulang asmara, mila lajêng nêmpuh byat gêntos-gêntos paripaksa nusul tilêm Jayèngraga. Kalampahan sami andon asmara kanthi solah-tingkah niru bapak-êmbokipun.

Enjingipun bakda Subuh, para andon lampah mangkat dhatêng Trênggalèk Lêmbuasta, kadhèrèkakên pêtinggi Raga-mênggala. ... kaca 214-231.

VII. Para andon lampah tumuju dhatêng Lêmbuasta, nglangkungi kêdhung Bagong. Ing Lêmbuasta katampi Ki Kidang Wiracapa kanthi sukarêna, kawêjang bab filsafatipun topèng, gangsa, gêndhing, wayang tuwin dhalang.

1. Lampahipun Jayèngrêsmi sakanthinipun kadhèrèkakên ki pêtinggi Raga-mênggala tumuju dhatêng Lêmbuasta. Nglangkungi pasabinan sarta dhusun, lare-lare angèn ing dhusun Padakan sami rêbat pangenan kalihan lare-lare ing dhusun Munggur, wasana sami campuh kanthi balang-balangan sela, bandhil lss. Malah têtiyang sêpuh ugi lajêng campuh sami tiyang sêpuh kanthi sanjata sarta pênthung saengga wontên ingkang tatu lan dumugi ing tiwas. Dhusun kêkalih wau wiwit rumiyinipun tansah mêmêngsahan kadi satru bêbuyutan.

Lampahipun dumugi ing kêdhung Bagong ingkang kathah sangêt ulamipun, nanging sakalangkung wingit. Ing ngriku asring kapirêng swantêning gangsa, manguyu-uyu, swantêning tiyang ngringgit lss.

--- 9 : xvi ---

Ki Raga-mênggala kengkenan murugi Ki Wijakêrti ing Trênggalèk-wulan. Ki Jakêrti dhatêng ambêkta pasêgah pêpak. Miturut Ki Jakêrti kêdhung Bagong punika rumiyin nama têlaga Sasi, papan lêlangênipun rajaputra Singasari, Banyak-wulan ngantos Menak Sopal ingkang akiripun muksa, musna ing têlaga wau. Sadalu sami sipêng ing kêdhung Bagong. ... kaca 231-252.

2. Enjingipun pêpisahan kalihan Ki Raga-mênggala tuwin Ki Jakêrti, lajêng sami nglajêngakên lampah dhatêng Lêmbuasta. Sowan Ki Dêmang Ngabèi Kidang Wiracapa, katampi saha semah, Ni Widaryati lan rayi-rayinipun Wirabancana, Wirangkara tuwin Wirabraja. Kidang Wiracapa nyariyosakên lêlampahanipun nalika nem-neman sêsarêngan Ki Bayi Panurta engga dados dêmang anut lampahing kapriyayèn. Anggènipun jêjodhoan kaparingan putra èstri satunggal nama Rêtna Ginubah, nanging botên salimrahing tiyang. Tansah saba ing wana, namung kala-kala kemawon mantuk. Katingal nggrantêsing manahipun Ni Wadaryati, mila kasigêg. Jayèngrêsmi ngaturakên kawontênan ing Wanamarta ngantos dumugi linggaripun Sèh Amongraga ingkang kaluru. Minangka pakurmatan dhatêng tamunipun, kawontênakên kalênengan.

Gangsa, niaga saubarampenipun mila sampun sumadhiya awit saking bêrkahing gêsang dados priyayi. Jayèngrêsmi sarayi lan pamanipun kadhawuhan tumut nabuh.

Kidang Wiracapa ngandharakên kuwajibanipun tiyang dados priyayi, nanging botên kêdah tilar agami, jêr ing ngagêsang wajib ngudi jumbuhing donya lan akerat. Katranganipun têrkadhang nyrèmpèt-nyrèmpèt carêmêdan. ... kaca 252-278.

--- 9 : xvii ---

3. Kidang Wiracapa nêrangakên dunungipun ngèlmu rasa anut surasaning gêndhing. Ki Kulawirya dalah para putra sakalangkung kapranan dhatêng katranganipun Kidang Wiracapa. Lajêng sami salat dhatêng ing langgar. Kasambêt Kidang Wiracapa nêrangakên filsafatipun topèng, gangsa, gêndhing, wayang tuwin dhalang cundhukipun kalihan panêmbah dhatêng Kang Maha Kawasa. Sasampunipun salat Mahrib dumugi Ngisa, lajêng wangsul dhatêng griya, sadaya sampun samapta badhe wontênipun bêbagoran minangka pakurmatan dhatêng para tamu. ... kaca 271-294.

--- 9 : [0] ---

...

--- 9 : 1 ---

SÊRAT CÊNTHINI IX

507. Jurudêmung

1. Wis Madu mêlbèng wisma |Kurang satu suku kata: Wis Madu malêbèng wisma. dandanna kang sarwa luhung | ayu-ayunên warnamu | sasênêngira busana | pilihana ingkang mungguh | ronggèng (m)Bok Madu turira | inggih anulya umangsuk ||

2. Yata kang pra tamu prapta | pra pêtinggi bundhêl umbul | pamèran panganggenipun | saduwèk-duwèke samya | mêtu pasimpênanipun | berag sajak pêsamowan | mèrèt-mèrèt saguh-saguh ||

3. Bobote wong pêgunungan | kathah kang prapta mrêtamu | Ki Umbul Wiradikewuh | Suradipa Suradrana | Suradrêpa Surantanu | Surakêrta Surarata | Surantaka Suranêmpuh ||

4. Jatruna Jayadirana | Wirakarta Mêrga-ewuh | Ja-mêrjaya Anggaranu | Wangsapati Wirasraya | Jagabaya Jagasatru | Drêpajaya Bayuyuda | Srang-mênggala Kalamêrcu ||

5. Dhapur pêpêk rupa-rupa | lêncir dhêdhamplak kang dhuwur | ingkang untir gagah janggrung | kang mêthêkêl bèkèl antar | tan tinggal siguge kidhung | kang kalung pêdhang myang klewang | kalung bêstrong kêrbin masru ||

6. Miwah dèn-irit talêmpak | myang tamèng towok ing pungkur | suligi granggang pring ampuh | kang ngikal bandhol liligan | prapticir pêndhapa lungguh | asrigrak cara wong kutha | samya berag langguk-langguk ||

7. Tarap lilinggihanira | ing saundha usukipun | akapang pêndhapa têpung | ni randha gapyak pêmbagyan | kang liningan saur-manuk | mangsuli ing kalujêngan | dêmang pra pêtinggi umbul ||

8. Sêdaya punika samya | kang uwus cicipanipun | ni randha pindho ping têlu | ora-orane nyapisan | warta tan ana kantun |Kurang satu suku kata: warata tan ana kantun. Ki Suradikewuh tanya | wontên punapa têtarub ||

--- 9 : 2 ---

9. Lir mêmantu traping karya | ni randha nauri wuwus | pan kula (m)botên mêmantu | ngundang-ngundang mêngangguran | namung ngormati têtamu | prayayi namur tirakat | cature putraning guru ||

10. Prêdikan ing Wirasaba | kang komuk ginuru-guru | mring pra ngulama sêdarum | miwah priyayi sudagar | angalap janji mêriki | Ki Gêdhe Bayu Panurta | ing Wanamarta krajan gung ||

11. Kang liningan amangrêngak | ting garunêng samya muwus | ingkang wus padha kêrungu | durung wruh warnaning warta | kadi putrane ki guru | dene tan ana kêtingal | ana ling yèn durung rawuh ||

12. Wus pêpak kang ingulêman | inganti tan ana kantun | ni randha alon amuwus | paran wus prapta sêdaya | Duljaya matur (ng)gih sampun | (ng)ling malih marang Duljaya | mara wêtokna gembolmu ||

13. Kang liningan ngrukti gêpah | ngêtokkên pawohanipun | gembolan sirih bokor wus | wêrata kang linadènan | ni randha (ng)ling mring sêdarum | samya kantun jagongan |Kurang satu suku kata: samya kantun jêjagongan. kula mring wismarsa ewuh ||

14. Sêdaya matur sumangga | ni randha mundur umasuk | samya (ng)ling mring rencangipun | hèh Biyang Kacêr turana | kang nèng langgar kenthol bagus | gus Jèngraga Kulawirya | karone turana kundur ||

15. Kang liningan sigra mentar | praptèng langgar aturipun | paduka ngaturan masuk | marang wisma sêkaliyan | Jayèngraga lon amuwus | dene lan aku dèn-undang | Kacêr matur inggih pêrlu ||

16. Kulawirya ngandikanya | lah payo bêcik tinurut | ngawirya karo gya mudhun | mring wismèng pungkur wus prapta | lênggah ing klasa lus |Kurang dua suku kata: sigra lênggah ing klasa lus. ni randha lon aturira | lah sumangga sang abagus ||

17. Prayogi salin busana | punapi sakêrsanipun | sawontênipun nèng gunung | mangke yèn sampun busana | paduka manggihi tamu | nèng pandhapa dadya sêkar | sêkare kang samya lungguh ||

18. Wus cinaosan busana | rong pêtadhahan amunjung | Ki Kulawirya amuwus | payo ta kana anakmas | ni randha pakurmatipun | sungkusunge pamulenya | punapa ana kinayun ||

--- 9 : 3 ---

19. Kang putra alon ngandika | makatên kewala sampun | paman piyambak ing ngriku | pênêt busana kang mobyar | kang tutuk§ Prayoginipun / tutug /. sakêrsanipun | namung kula ngambil sinjang | sêkaran kang jingga madu ||

20. Kula-angge ririmongan | gampil yèn mangke kula yun | inggih pintên dangunipun | kang paman mèsêm ris mojar | ya ta sakêrsanirèki | randha suka tumingal |Kurang satu suku kata: ni randha suka tumingal. mring kang ngrimong jingga madu ||

21. Mandah yèn kêrsa-a dandan | baya lir mati kêpuyuh | ni randha tan tanak lungguh | (m)lêbu mêtu mring pêndhapa | nuduh mring niyaganipun | kinèn muni kang gêndhingan | ing sadhengah talunipun ||

22. Yata kang anèng Kauman | Jayèngrêsmi lan pangulu | Ki Jamaloddin§ Prayoginipun / Jabalodin /. lon matur | kawula lamun kalilan | parêng karsane sang bagus | jasad kula ingulêman | kinèn ajagong mêriku ||

23. Mêngetan dhatêng kêrandhan | Jayèngrêsmi lingira rum | (ng)gih paman (n)dika mêriku | ywa susah dening manira | matur inggih nuwun maklum | sarat angecani manah | tiyang rumaos kêduwung ||

24. Wus linilan nulya mentar | lan nyaine datan kantun | anake prawan tan tumut | yata kang anèng pandhapa | ni randha agandhang muwus | dene pêngulu tan sranta | ingkang rinasan mêncungul ||

25. Ni randha (ng)ling pijêr apa | suwe tan têka alungguh | matur èwêd kêdhik pêrlu | ni randha gumuyu mojar | kèh têmên pawadanipun | padune tan kêna pisah | kanthètan lan bojonipun ||

508. Kinanthi

1. Yata wau sang abagus | Jèngraga Kulawiryèki | kang samya lagya busana | Ni Kacêr kang (ng)lêladèni | marang kenthol Kulawirya | nyamping kawung kêmplong mori ||

--- 9 : 4 ---

2. Paningsêt cindhe jalinut | ing prada bara rinawis | dhêsthi cawat cêmukirang | wiron têpèn tinap apik | wida jênar gêgarutan | dhadhan-dhadhan tapung manis ||

3. Asumping krang mêlok mênur | ron pacar tri pinrada sri | kris tinatah gajah-singa | kang warangka ladrang kêndhat | kandêlan bunton mas-tuwa | wawrat gangsal reyal ngunir ||

4. Asêsêkar gombyok dhuwung | Kulawirya anjêlandhir | mèsêm kang putra sarya jar | dubilah paman nêmêni | pacak mangune amutra | priye Cêr apa ya sigid ||

5. Kang liningan mèsêm matur | inggih malèpès ambênthing | bêsuse jêjaka kalah | Kulawirya gumuyu (ng)ling) | mèlèpês mono kaya-pa | Ni Kacêr matur wor liring ||

6. Inggih sampun limrahipun | bêbasane tiyang ngriki | (m)lèpès mèrèt kêt-ikêtan | (m)lirit kêrakêt ing kulit | du-mancung mèpèt binêndha | alatah Ki Jayèngragi ||

7. Bisa parikan si Cêmput | cèplês lan kang dèn-aranni | gumuyu Ki Kulawirya | guyune angumbar liring | kang putra sangsaya latah | e paran dene pikolih ||

8. Adu liring lan si Madu | kang lagya apêpaès alis |Lebih satu suku kata: kang lagya pêpaès alis. kang paman mèsêm kacupan | dènnira aningid liring | yata Ni Randha Sambada | malbèng wisma ngancarani ||

9. Mring tamune kalihipun | Ki Kulawirya (ng)ling aris | payo anakmas umêdal | kinèn nêmoni têtamu | kang putra angling sumangga | ni randha nguwuh Nuripin ||

10. Lah ya Nuripin sirèku | (ng)ladènana bae bêcik | dadya lurahing sinoman | sira kang dadya pangarsi | lêladènana priyangga | bêndaranira kêkalih ||

11. Iki kulambi lan sabuk | sêmbagi cindhe-raras brit | anggonên iku bur-buran | pèkên wus aja kuwatir | ikêtmu bêbêt sêruwal | prandèn iku mêksih bêcik ||

12. Pawèwèh tinampan sampun | ambêgènggèng Ki Nuripin | yata wau Kulawirya | lan kang putra Jayèngragi | mijil mring pêndhapa lênggah | nèng klasa alus aputih ||

--- 9 : 5 ---

13. Mingsêr kang sami alungguh | cingak sadaya ningali | lir pêngantyan tinêmbayan | abagus sêmu mriyayi | Jayèngraga ngrimong jingga | pasêmone ngusumani ||

14. Tur ukur kewala kêmul | suprandene angungkuli | mring sakèh ingkang pameran | wong nonton ujêl-apipit | rarywa lit acêrèngèkan | kadhêsêg pating jalêrit ||

15. Gumêdêr arêbut aju | tuwa ênom jalu èstri | kang wus mapan arêrasan | anggunggung mring Jayèngragi | e kae kang kêmul jingga | madu dene langkung sigid ||

16. Abagus jadmika ruruh | pêsaja andhêdhèwèki | pasang lêkêre wêdana | atopèng winulon rawis | kadya gambar wêwangunan | lir Andaga anèng kêlir ||

17. Mendah yèn busana luhung | iba baguse ngêbêki | yata kang samya lungguhan | tanya sarêng nêmbramani | marang awirya kalihnya | gumrêmêng atur pêmbagi ||

18. Winangsulan sadaya wus | Jèngraga suka ningali | sajake wong pêgunungan | andhèblèng ambêbanthèngi | bênthung sigug kiwa kiwa | anjêdhig sêmu (m)bêdhidhig ||

19. Ki Jayèngraga amuwus | lah unèkna Gènjong-goling | niyaga sigra abuka | gamêlan munya ngêrangin | ronggèng wus dènnira dandan | Ni Madu mijil ing jawi ||

20. Wong nonton umrês kêmrusuk | samya gumêdêr ngaruhi | ting balêkèr pra jêjaka | kuku angakak kêkêlik | bêlik alok bilah-bilah | Ni Madu lir widadari ||

21. Ronggèng wor dènnira lungguh | nèng panggonan amiranti | anèng ngarêping niyaga | sigra kinèn anyindhèni | ngêlik Gènjong-goling laras | lir mrak nguwuh nyangungongi ||

509. Sinom

1. Yata kang ngrukti sugata | Duljaya lawan Nuripin | ngatak kasinomanira | kinèn mêdalkên tumuli | rampadan maring ngarsi |

--- 9 : 6 ---

miwah wêwantinganipun | pratula wêr cêcêp-mas | myang gogok Palembang Pathi | kêndhi lênggèk gêronggol langking Jêpara ||

2. Kawingking angering-nganan | rampadan samya ngalihi | wêtara tan ana malang | sarêng ambuka tup saji | kang ngulêg sambêl sami | pan sarêng panyêpêngipun | lêg-ulêg sinampyêngan | sing kalindhing sêdayèki | mangu ngantu-antu nganti ingabanan ||

3. Nulya wau Ki Duljaya | kêplok tangan saking jawi | sigra kang ngulêg barêngan | sampyong klinthing barêng muni | tan arungwan mêlingi | kumrumpyung samya ginuyu | wor thuthuking (n)dhog kamal | wuwuh ramyanya kapyarsi | wus antara kinêplok kancêp sadaya ||

4. Samya linadèkkên ngarsi |Guru lagu seharusnya: 8a, Samya linadèkkên ngarsa. wusnya samya mundur sami | Kulawirya ngling sumangga | ing ngriku samya awijik | gupuh kang sinungan ngling | sêdaya sami awisuh | Jayèngraga ngandika | lah payo muniya gêndhing | Êla-êla kang alon padha kêrasa ||

5. Niyaga matur sandika | buka rêbab wiwit ngêlik | kosok ngingkik cara desa | nga nga ngi ngi dèn-barêngi | parêng gong ricik muni | imbal ngapinjal sêdarum | sêdhêng sru ririhira | ronggèng anututi ngêlik | manis arum nganyut-anyut gêtas rênyah ||

6. Ngrês kêrkêl gêtêring swara | mêthit mêrit mulut§ Prayoginipun / muluk /. rujit | rêmêk tyase kang miyarsa | kalèlèran (m)bêlèr ati | yata kang lêkas bukti | mêtênggêng sêmbari muluk | mêngèngès sarwi mamah | kabèh nolèh aningali | mring Ni Madu kang mêdèni wong amangan ||

7. Tan akaur mamah upa | kècèr rêbatan pamikir | kang kêcakot ilatira | pinêlalah (m)brêbês-mili | tan rinasa kang sakit | lalu andulu Ni Madu | Ki Kulawirya nabda | marang pra umbul prêtinggipêtinggi (dan di tempat lain). | kakang Wiradikewuh kula têtanya ||

8. Dhasar pênêt sindhènira | Ni Madu amêmêdèni | sêmbada lan warnanira | sarwi sêdhêng aprak-ati | Wiradikewuh angling | pan inggih sayêktosipun | ngriki tan wontên memba | wangkit lampahan sa-ari | mung punika pun Madu onjo piyambak ||

--- 9 : 7 ---

9. Wontêna kang bag-ginêbag | dhusun Kêmplêng nanging têbih | lêlampahan tigang dina | pun Gêndra wastaning ringgit | rêbat sênêng amilih | pun Gêndra lawan Ni Madu | dhengah kaot sausap | gumuyu Kulawiryèki | Jayèngraga gumujêng sasmitèng paman ||

10. Ngling bibisik sarwi nadhah | tan jamak yêkti nglangkungi | pun Gêndra dènnya kuncara | lêlampahan tigang ari | iba komuking ringgit | tanah ngriki kongsi nyatur | kang paman mèsêm lingnya | ya layak jêr dhasar bêcik | lan si Madu ya êmbuh durung karuhan ||

11. Kang paman malih ngandika | (m)Bok Madu majuwèng ngarsa |Guru lagu seharusnya: 81, (m)Bok Madu majuwèng ngarsi. wong akèh nundha angundang | lho Madu kinèn mangarsi | kang liningan mangarsi | mèsêm anyangkut pêndulu | wus prapta ngarsanira | Jèngraga ngandika aris | lah dèn-cêdhak lungguh lan man Kulawirya ||

12. Nulya ngangsêg linggihira | Ki Kulawirya anolih | maspadakkên warnanira | Ni Madu mèsêm angliring | Kulawirya ngênêngi | dènnya mamah kêpêl gantung | anjingglêng mandêng muka | -nira ni Madu mantêsi | Kulawirya kongsi ngintip kêpêlira ||

13. Jayèngraga galêgêsan | paman dhahar lawuh liring | dene tangkêp kamuktyannya | kang paman kagyat ngèsêmi | kongsi antara bukti | adangu sêdaya tuwuk | Ki Kulawirya gêpah | mundhut lancaran kêkalih | cinaoskên sêkul lan saulamira ||

14. Sinungkên mring ronggèng sigra | mangana (m)Bok Madu dhingin | tinampan anulya nadhah | tan pati kakèhan bukti | Kulawirya mèsêm ling | dene cicik pêmanganmu | Ni Madu aturira | pan inggih sampun dumugi | Kulawirya angling mring sêdayanira ||

15. Yèn sampun sami dumugya | prayogi sami awijik | matur kabèh kang liningan | inggih suwawi umiring | anulya sêdayèki | luwaran samya tuturuh | rampadan cinarikan | mring wong kasinomanèki | wus barêsih ingkang rêgêd tinêbahan ||

16. Nulya wedange mangarsa | wêrata samya ngalihi | miwah pakinanganira | myang pêpanganan mangarsi | samya mangsêgan nyamik | ni randha anulya mêtu | alinggih wetanira | Kulawirya angingsêdi | sawarnine obah kabèh kang jagongan ||

--- 9 : 8 ---

17. Mompyor ni randha Sêmbada | lir lara-bonyo kapêncil | tan wang wang moring akathah | agandhang dènnira angling | si anu mau êndi | Duljaya mreneya gupuh | kang inguwuh gya prapta | balênthot kothot mêdèni | kalung drêbos nyuriga kris nganggar pêdhang ||

18. Nyangking sampluk anjungkelang | panguthik asabuk bandhil | sarigak mandhi talêmpak | brêngose ranggah pinidih | jènggotira pinuntir | pinêlawang ngawêng gulu | untu putih tan nginang | bêbêt sarung cancut inggil | egah cèkèh sruwal panjang sangkal§ Prayoginipun / sangklat /. abang ||

19. Kadhêmêg sila nèng ngarsi |Guru lagu seharusnya: 8a, Kadhêmêg sila nèng ngarsa. gumuyu Kulawiryèki | bilah ri sang Ngabduljaya | lir wong usung-usung ngalih | dhasar nyata mêdèni | amêmpêng kongsi ambrangkut | gumujêng Jayèngraga | kèngêtan kadya Nuripin | ngling bibisik paman punika Duljaya ||

20. Ngêjori srigake paman | dèn-kayang mêksa mêdèni | lir wong mêntas mulih ngrayah | jadhug-jadhuge wong ngriki | kaum dhapur lir wêri | wontên wangune ambêrung | wandane kiwa-kawak | (n)dhagêl tan ana kapilih | mung kêpilih guthule kangge ing randha ||

21. Kang paman gumuyu latah | kêjaba-a dudu dharik | sèjèn prêkaranning wanda | gumuyu ujungan liring | lan Ni Madu wong kalih | yata ni randha amuwus | lah ya sira Duljaya | mêngko yèn ronggèng anjongkit | sira ingkang aglis ngunèkna têngara ||

22. Duljaya saguh asantak | tampi parentahe nyai | ni randha malih wuwusnya | Duljaya sêdhênge iki | lah wêtokna kang larih§ Prayoginipun / lah wêtokêna larih /. | panginumaning anayub | arak tampo wêragang | sira dadiya pangirit | nuli lêkas salin gagrak Lonthang-lonthang ||

510. Lonthang

1. Ki Duljaya anggagrak dhadhag (m)bêdhadhag | sigra mundur parentah ing kasinoman | pinilihan kang mèbrèt-mèbrèt kewala ||

--- 9 : 9 ---

2. Pra jêjaka kang wire kang antar-antar | wus antuk wong anom wolu pilihan |Kurang satu suku kata: uwus antuk wong anom wolu pilihan. ingkang samya mèthèk mathênthêng dhèblèngan ||

3. Ingkang sami abêbêt sarung lurik bang | acancutan sruwal panji-panji pèthakpêthak. | samya ayon borèh pêthak gêgarutan ||

4. Sêsumpingan krang mêlok asajak-sajak | kang (m)bêkta gêlas nèng bèri myang kopinya | kang cangkir nèng dhulang goci pangiringnya ||

5. Wus samêkta ingatag majêng mangarsi |Guru lagu seharusnya: 8a, Wus samêkta ingatag majêng mangarsa. Duljaya kang dadya pangirid sinoman | anyaosi marang ing tamu kalihnya ||

6. Kênthol Kulawirya ngling marang Duljaya | manira tan nginum lajêngna kewala | ingong durung wêruh rasaning inuman ||

7. Aywa susah sadèrènge wus sun-trima | ngling malih Nuripin dene tan-ana |Kurang satu suku kata: angling malih Nuripin dene tan-ana. tinimbalan tan dangu prapta ing ngarsi ||Guru lagu seharusnya: 12a, tinimbalan tan dangu prapta ing ngarsa.

8. Sira iku dene tan ngladèni ngarsa | matur inggih ragi pakèwêt ing manah | tingkah kidhung amawi arak-èrèkan ||

9. Ki Wirya ngling lah ora têka mèluwa | ngarah apa wong ngêladèni kewala | ya sok aja mèlu-mèlu ngombe arak ||

10. Sira dadya rakitane Ki Duljaya | wis ta mara gawanên gêndul si arak | ngêcurana kewala anglarihana ||

11. Ki Nuripin pinêksa mring Kulawirya | nulya nyandhak gêndul si arak wêragang | Ki Duljaya têlas papat anèng talam ||

12. Nora padha dhepok sikil gêlasira | ni randha ngling banjurna bae Duljaya | mring si Surakewuh ing sa-urutira ||

13. Kang liningan anglarih angèring-nganan | ingkang sami nginum berag ambabrag |Kurang satu suku kata: ingkang sami nginum aberag ambabrag. kang larih wus ambuwêng atêpung-gêlang ||

14. Ni Randha ngling lan Duljaya mareneya | prapta ngarsi mara Duljaya ngombeya | ngarèni sagêlas kang sêmada kêbak ||

15. Lawan sira nyandra-a wong num-inuman | kang liningan saguh nulya nyandhak gêlas | sarwi ngidung mêngkana pangidungira ||

16. Eka padma sari eka mring satunggal | padma kêmbang sari ambu pamaneka | yèn wong ngombe arak olèh sadhêdhasar ||

--- 9 : 10 ---

17. Lir kêmbang mêkar cahyane ambêngangang | wusnya ngidung samya kêplok sarwi surak | ni randha suka mojar marang niyaga ||

18. Èh niyaga yèn wis nyandra ge muniya | antara rolas gongan lan tibanira | nuli suwuk ganti nayub kang anyandra ||

19. Ladrang bae ingkang gêlis gong-gongannya | Lara-nangis awyaaywa. salin-salin ladrang | nanging sabên candra gêndhingan mênênga ||

20. Samangsane kêplok muni kang gamêlan | lan si Madu ywa kèri anyindhènana | ririh bae gêndhinge kang Dhandhanggula ||

511. Dhandhanggula

1. Wong niyaga liningan nulya glis | muni ladrang Rara-nangis raras | sêdhêng gêndhing sru lirihe | kang sindhèn anganyut-anyut |Lebih satu suku kata: kang sindhèn nganyut-anyut. Jayèngraga ngrasakkên gêndhing | wong gêndhing awilêtan | ngêse muthês kalbu | mêndhêkêl karasèng nala | kaèngêtan anèng Wanamarta nguni | panggihe kakangira ||

2. Wibawane kaugung minukti | sakêrsanira nora kêpalang | mangkya angruruh kadange | kumêmbêng angêmu luh | lir winuluh raosing galih | kadya ginaledhahan | sêngkêle sinamun | wuwuh wingite pêsaja | sumaringah kasêngkut ing gêndhing-gêndhing | ambêbêsus polatan ||

3. Wus antara rolas gongan larih | Ki Duljaya ngirit kasinoman | lir wau têpung gêlange | kaum ngarèni nginum | sarwi ngidung duwi martani | duwi loro lirira | martani pitutur | wong nginum olih rong dhasar | cêtha wuwusira rukêt ngêtrap krami | liya ingakên kadang ||

4. Wus gya kêplok prêk surak pra sami | binarêngan Rara-nangis ladrang | sarta ronggèng pangêlike | wus rolas gonganipun | nulya maju kang punang larih | mubêng atêmu gêlang | sigra kang angidung | kang tri kawula-busana | tri têtêlu kawula wus angarani | busana kang panganggya ||

--- 9 : 11 ---

5. Kaya ta wong anginginum awis | yèn lagya olèh têlung dhêdhasar | tan wang-wang dening pêngangge | amoh kêlawan wutuh | ingkang ngangge kêling sarwa-di | kêlawan ingkang gombal | samya jagragipun | pêngirane nora beda | wusnya ngidung nginum ciyu glênggêng nuli | kêplok prêk samya surak ||

6. Gya gamêlan ladrang Rara-nangis | myang pangliking ronggèng awilêtan | antara rolas gongane | kang larih ciyu gupuh | angayêngi larih wêradin | samya asuka bungah | nulya kang angidung | catur wanara rukêm-nya | catur papat wênara kêthèk akonyit | rukêm kang pêpanganan ||

7. Yèn wong nginum ciyu lagya olih | patang dhasar lir-pendah wênara | rêbut pangan wre aranne | pating caruwèt ibut | tinggah rucah ngènthèng-ènthèngi | pêpeka pêpoyokan | yakmakaning§ Prayoginipun / yatmakaning /. wuwus | wus ngidung kêplok sinurak | barung gêndhing-gêndhing sarêng dènnya ngêlik | wor aloking asurak ||

8. Rolas gongan suwuk gya kang larih | midêr tan ana kêna nampika | wus wêrata sêdayane | wau ingkang angidung | ngathungakên gêlas kang isi | bak panca surapanggah | lire kang pangidung | kang basa panca lilima | sura wani panggah tangguh mantêp pati | tan ana kinajrihan ||

9. Nora wêgah sakèhing piranti | nadyan nyêngka gêdhe dhuwur rosa | nora eram wani bae | têkèng lampus-linampus | ngadhêp§ Prayoginipun / ngandhêm /. sura lêgawèng pati | wus ngidung kinêplokan | gya surak gêr umyung | kang ngidung anginum arak | barung cêngkling gêndhing-gêndhing§ Prayoginipun / gêndhèng /. Lara-nangis | anguyu rolas gongan ||

10. Suwuk cêp nulya midêr kang larih | kang angidung sad guna wêweka | sad nêm guna bangkitane | weka graitanipun | salokane wong nginum awis | yèn lagya (n)tuk nêm dhasar | graitanya mancur | wong sajroning panayuban | ginraita kang rêrasan ririh bangkit | manah asalah tampa ||

11. Wusnya kêplok sinurak gora ngrik | myang gamêlan ngrêrangin araras | rolas gongan gya kang larèh | warata samya nginum |

--- 9 : 12 ---

ingkang ngidung sru dènnya rawi | sapta kukila wrêsa | kang sapta pipitu | kukila pêksi ocèhan | wrêsa udan yèn wong nginum pitung larih | lir pêksi karirisan ||

12. Angathêthêr kawratan ing warih | tanpantuk andon mangsèng wowohan | mung swara mêksih angècèk | kêplok sinurak umung | myang gamêlan angrantêg muni | antara rolas gongan | nulya larih maju | inginuman sadayanya | wus wêrata sigra kang ngidung angawi | astha kêcara-cara ||

13. Astha wolu kêcara lirnèki | polah tingkah ngling sawiyah-wiyah | nora dadi ngapa kabèh | nadyan pisuh-pinisuh | wus tan ana kang miyatani | sandhang wus samya owah | bra-ebro tan dhapur | wusnya nulya kêplok surak | barung gêndhing gêndhèng rolas gongan larih | midêr nginum kabèhnya ||

14. Ingkang ngidung samya piniyarsi | nawa wagra lapa§ Prayoginipun / lupa /. têgêsira | nawa sêsanga etunge | wagra pan têksaka gung | lupa lêsu wong nginum awis | olèh sangang dhêdhasar | sarwa cape lêsu | lir sarpa mêntas mêmangsa | barang karêp ras-arasên ika-iki | enake mung ngalèmprak ||

15. Kinêplokan surak lawan gêndhing | rolas gongan nulya kang larihan | wus mubêng warata kabèh | wau ta kang angidung | dasa buta mati anênggih | wêkasan panginuman | dasa pan sapuluh | buta harda galak lirnya | ngajrih-ajrihi basa mati ngaranni | yèn wong anginum arak ||

16. Olih sêpuluh dhasar puniki | pilih kang tahan ujaring candra | yèn ginêlak panginume | yata kang samya nginum | para umbul bundhêl pêtinggi | kèh kang samya kêrasa | linggihane rusuh | timpuh jegang sila-tumpang | myang wuwuse ting barêngok tanpa kering | ambèngkrak cêlangkrakan ||

17. Sumbar-sinumbar ngajak gênti kris | siji sru mojar mara nyuduka | blêdhèh ngêplèk-plèk wêtênge | sinapih rowang lungguh | Duljaya ngling sarwi nudingi | apa mêndêm ta sira | nauri sru muwus | e biyang punapa cêcak | botên mêndêm ontêna sagênthong malih | mêksih do huèk mutah ||

--- 9 : 13 ---

18. Jinaganan rowangira linggih | pinijêt cêngêle balêkèkanbalukèkan. | ni randha ngling sapa kuwe | e Ki Ja-mêrjayèku | (n)dadak mêndêm wurung angibing | de adate wêntala | iku nuli ambruk | nauri sih mutah-mutah | èh ih biyang botên mêndêm kula nyai | sawêg pintên tomboknya ||

19. Nisthakake angisin-isini | (m)bok aja jênêng Jaya-mêrjaya | kari tombok lan wong akèh | ênya kiye tombokku | rong wang picis anyar milihi | nya Madu tampanana | sinêbar ing ngayun | (ng)lêgèyèh sêsèndhèn cagak | picis pinèt ing badhut sawênèh angling | jangjèn sêtya supata ||

20. Yèn sudi ngakên sudara-wèdi | ngisor galêng dhuwur galêng kakang | mangsa mlèsèda adhine | kathah solahing wuwus | ayo manèh arake êndi | èh larih kang Duljaya | kêsuwèn tan nginum | ting barêngok carèwètan | lah kang ngucap nyai têlèdhèke pundi | sêdaya wirangrongan ||

512. Wirangrong

1. Ni Randha nauri aris | (ng)gih lêrês sêdhênge gambyong | midêr Ni Sêmbada matur |Kurang dua suku kata: Ni Sêmbada midêr-midêr matur. mring tamunirèki | sumangga ing sakarsa | luware nadar-kawula ||

2. Prayogi paduka ngibing | supaya tinut punang wong | sintên papantêsnya kang rumuhun | suwawi dèn-aglis | Ki Kulawirya nabda | lah payo kono anakmas ||

3. Sumangga kêrsanirèki | manira anut kemawon | wau Jayèngraga alon wuwus | sinamun aririh | inggih sumangga paman | kula ras-arasên (m)bêksa ||

4. Mangke yèn kêpengin gampil | paduka ngibing kang kinon | kendholkenthol. Kulawirya wuwusipun | mring ni randha aris | kula mangke kewala | yèn sampun para suruhan ||

--- 9 : 14 ---

5. Sintên kang angibing kriyin | nakmas Jèngraga ayun wruh | pangibinge sanak-sanak tamu | yèn wis sami ngibing | têlungane kang emah | têngah-têngahan kewala ||

6. Ni randha nauri aris | mangke uga têmah goroh | ngling Ki Kulawirya botênipun | (ng)gih mangke ngong ngibing | sakêrsane Jèngraga | pênêt tinurut kewala ||

7. Ni randha wuwuse nguni | yèn mangkya (n)dika anggambyong | kula badhe bêksa ambêdhudhuk | ngong sagêd angibing | Ki Kulawirya latah | punapa bibi wong Kalang ||

8. Mawi bêdhudhuk angringgit | ni randha mèsêm turnya lon | (ng)gih uga kawula yêktosipun | cêr Kalang sayêkti | manthuk-manthuk Ki Wirya | bibisik lon Jayèngraga ||

9. Tan nyana iku si bibi | jarwane wong Kalang kamplong | layak dêrbala-a bandhanipun | sasat duwe cicir | sapolahe tan lumrah | Kalang kalèng kêlanglangan ||

10. Jèngraga angglêgês angling | (ng)gih mangke man kula-dêngok | ni randha dènnira ambêdhudhuk | wong ro ting guligik | alon dènnya ngandika | Kulawirya mring ni randha ||

11. Kêdangon inganti-anti | mring sanak kang samya (n)jagong | kula lan anakmas lah nèh tanggung | kari-karèn ngibing | gya Ni randha Sêmbada | ngling ris mring tamu pangarsa ||

12. Wawi pundi kang rumiyin | angibing kêlawan gambyong | kang liningan mojar pênêdipun | sang abagus kalih | kang angrumiyinana | nuntên kula saurutnya ||

13. Ki Kulawirya nambung ngling | botên kang Wiradikewuh | kakang rumiyina dadya ngayun | sampun walang-ati | kadho dening manira | mangke kewala manira ||

14. Kang liningan anuruti | ni randha anuduh gupoh | mring ronggèng lan panjak lah wis Madu | ngadêga awiwit | gêndhing Kabor janturan | wus kêsusu ywa badhudan ||badhutan.

15. Mung jêjêr janturing ringgit | yèn wis Kabor nuli Gondrong | tibane ambondhan kang kayungyun | togên ingkang apik | lah wus mara niyaga | buka-a Kabor kang raras ||

--- 9 : 15 ---

16. Niyaga nulya angrawit | tan rêbab gambang tan kromong | riciknya lirihan kang pêngayun | gêndèr lawan suling | kêthuk kênong binêngkak | kêndhang gêdhug bêm sêbahan ||

17. Kêcèr ngêcêk angêcicir | gong anggandhul ukur nyenggol | pênêrus dèn-imbal lagunipun | kadêmung kur jawil | babag pênabuhira | anganyut-anyut rum raras ||

18. Nyênyêt yakmakaning§ Prayoginipun / yatmakaning /. gêndhing | ronggèng jèngklèk aririmong | tumênga rêm netra asta ngrajung | kêjêr kang jariji | kanan mênthang andhêngklang | jari gêtêr mawiwilan ||

19. Ngalênggak nênggah mamati | tan mingsêt lamun tan êgong | pamujaning tandhak angêngayuh | mring kang mara-bumi | sami anêkanana | mêmanis waris larisan ||

20. Kumêlun kutuk§ Prayoginipun / kutug /. mawangi | badhude anyabêt gupoh | pênjalin ing klasa wit anjantur | asru pangwuhnèki | swuh rêp data pitana | anênggih wau kocapa ||

21. Kusuma rêtnaning bumi | coplok ngêmbanan ngalih (ng)gon | tibèng ngarcapada kawlas-ayun | sakèh widadari | anjujurungi sabda | sakèh di-adining rupa ||

22. Winongwong jawata adi | angsung wimbuh ing kêlangon | Ni Umi Ni Uma pahum-pahum | thiri-thiri guthi | hong hong ilahèng hong hyang | nêkakkên sarining gampang ||

23. Sakèhe kang aningali | tuwa ênom lanang wadon | runtuh trêsnanira têka kerut | padha wêlas asih | pan sinihan bêthara | marang ing asmara tura ||

24. Singa mara lulut asih | cak byak pêk hêm hong hong manon | gya badhut sasmita sabêtipun | jêblès gitik lampit | gêndhingira aniba | sêsêg anjuru-dêmung ||

--- 9 : 16 ---

513. Jurudêmung

1. Ronggèng lêkas mingsêr (ng)gènnya | larap nilap kadya kupu | sisirig mêdêd Ni Madu | sakala asalin rupa | kêdhanyangan imbuh ayu | ambabar mayang mêrdapa | sêmi sêmune rumucuh ||

2. Kang tumingal gèdhèg mulat | mring (m)Bok Madu dudu-dudu | kang nonton usrêg gumuruh | samya ngangsêg ing kalangan | uyêl rêbut aju sukup | papan jêmbar têmah rupak | rarya-lit ting srêngèk umyung ||

3. Wong nonton tan etang sêsak | wor winor èstri myang jalu | bungah kang olah calimut | anyêlêr nyêbrot amilah | tungkul-tinungkul arusuh | kang kêna krise winilah | kur alok nolèh gya muwus ||

4. Kang konangan têtabokan | jagur-jinagur tan tutuk§ Prayoginipun / tutug /. | saking dhêdhêsêkanipun | pipit tan bisa alihan | èstri kang kêna rinawuk | anjrit karuna kewala | tulung-tulung tan rinungu ||

5. Kang kelangan slendhang sêngkang | kroncong miwah gêlang kalung | kathah tan krasa jinumput | kang wruh mung lok am§ Prayoginipun / êm /. lah tiwas | mupus tan bisa amburu | mung ukur alok sêpisan | milalu (n)dulu Ni Madu ||

6. Mangkana Ni Madu (ng)gènnya | narimpi bêdhayan nutug | Kabor ngandhêlong gya suwuk | ngaring-aring pra niyaga | sinrudhah panganan sêkul | lèrèn ngacêmil mêmangan | kang nyêrèt nginang audud ||

7. Lumrah wong sapêjagongan | samya nyêrèt ting prêkungkung | wusnya aso para cêngkung | ni randha lon wuwusira | yèn wus aso payo talu | unèkna Gondrong kang raras | lah payo kono (m)Bok Madu ||

8. Agêpah ingkang liningan | abuka gambang kumlunthung | lan kêndhang gêdhug angguguk | tinampan tibaning gongan | umyung

--- 9 : 17 ---

risik imbal barung | saron bêbanggèn ngêpinjal | rampak tan ana (m)barênjul ||

9. Kang nabuh padha kêrasa | sajanturing dhalang manggung | sêdhêng sru lirih ambyantu | rêbab ngèng ngèng nga nga ngi nga | gambang klong-klong rik-thur rik-thur | suling mêlingi thuthitan | gêndèrnya myêng kumarumpyung ||

10. Badhudebadhute. wus lêlerongan | êgonge lêkas anggambyung | sarêng gong anggêndhèng ngungkung | kinipat ing kêpêtira | swara mêndat mêmbat mêntul | lir pênjalin ingongotan | mêthit mêrit manis arum ||

11. Têtêlon sulingan rêbab | wilêt ulêt nganyut-anyut | lir winênyêd tyas kang ngrungu | pêthot thêl gigal anganal | kikinthil marang Ni Madu | mêndhane§ Prayoginipun / medane /. anèng kalangan | bisa ngirup karya ling-lung ||

12. Rong gong pacake acikat | kêsit mêsat mêsês bêsus | sirig tungtungan anuntung | parigêl ukêl cênthungan | lêlathènan loilo jangkung | ambakar kêpêt kampita | nêngklèk nampèl-nampèl pupu ||

13. Anilap larap wèh ulat | kang sinung ulat gumuruh | ting galêmbor samya kukuk | (m)bêkik ngêrik dhèhèm jawat | pra jajaka ngaju-aju | yèn wus winèwèhan ulat | atine tan ana kantun ||

14. Tan ana duwèk tinisnan | kudu sinungkên (m)Bok Madu | liringe nangèkkên purus | wong lanang yèn kinawêtan | ambadêdêng guthulipun | kathah ambrawuk sandhingnya | wong èstri dinudul-dudul ||

15. Gadul bokonge anjola | ana nosotakên pisuh | tangane nyêblèk anggarut | kang wus tau nincing sinjang | anjêngking siduwèng dhêngkul | juwêt kèndêl uga ngangkat | sabisane anunungkul ||

16. Wênèh nlusur payudara | pengin sami ngilêripun | myang ngambung ling-aling undhuk | ana têkêm-tinêkêman | ngayuh siji nyênêng dudul | kèh tingkahe wong rucahan | pinindha lawan Ni Madu ||

--- 9 : 18 ---

17. Kang mêdêd nèng ing§ Prayoginipun / anèng /. kalangan | ukêl sasrimpèn anutug | nulya sêsêg gêndhingipun | Gondrong niba Lela-lela | Ni Madu anyandhak payung | sinumpah mungsêr nèng têngah | tangan (ng)glintir gagang payung ||

18. Munyêt payung ingubêngan | kêkicatan kêncètipun | sarwi mingkis-mingkis sinjang | kempol cingklok akêlaban | anggonjang wijanganipun | oyêg payudaranira | angincang alis narutus ||

19. Kang kêsangkut liringira | samya angrik surak barung | sami nglungkên darbèkipun | ngêcring-cring arta gêgêman | myang ngulungkên kêris sabuk | wênèh kulambi ikêtnya | kang ngêlungkên bêbêtipun ||

20. Kari sruwal dhogol (n)dhêngal | dèn-mêg tinawakkên Madu | sarwi samya sru gumuyu | latah-latah anjêjawat | nya kiye Madu tombokku | mangsa ta silih kuranga | êntèk golèk ing dêlanggung ||

21. Yèn ijih grêmis pêtêngan | ngong-rêwangi anjangkrik gung | nora kudu mèlik utang | èsêmana bae trima | Jèngraga suka gumuyu | (ng)ling punika lan pun Gêndra | pan kantun kanthèt pun Madu ||

514. Kinanthi

1. Kang pamam mêthênthêng (ng)guguk | ya iya bênêr sirèki | kari sausap kabèhnya | si Gêndra kang sarwa kari | pasang tandange apacak | panggambyonge baut iki ||

2. Swarane manis si Madu | wangune mêncês mantêsi | pawakane mêntêr Ni Kilang |Lebih satu suku kata: pawakan mêntêr Ni Kilang. sarwa lus kêngkêng aramping | lan nom si Madu sausap | Gêndra sabarange kari ||

3. Ah dhasar bêcik si Madu | kang putra gumuyu angling | bilah nora jamak paman | pêngpêngan pêngalêmnèki | nauri Ki Kulawirya | tan (ng)gunggung dhasar sayêkti ||

--- 9 : 19 ---

4. Lah mara kae si Madu | dulunên olèhe srisig | kaya tan angambah lêmah | bêlisèn thèthèkan cicir | o layak Madu komuk-a | nyata yèn ronggèng prêmati ||

5. Kang ambondhan ngikal payung | munyêt pinêlangkan wêntis | sarta sindhène angalap | kalulutan ing pangèksi | ngêlêtêr mubêng kalangan | ngêndhuyuk nyêk-nyêk sêrisik ||

6. Mênthang payung mêgar mingkup | nguntup-untup ngujiwati | singa kang liniring giyak | kumrusuk pating barêkik | kukuk ngakak sumyak-sumyak | samya kèdanan ningali ||

7. Dènnya anggondrong Ni Madu | ngêtog cêlor mrih mêmengin | ambondhan lagon lampahan | badhude kalih tut-wuri | sênggake abêbanggènan | badhude ingkang sawiji ||

8. Kang minangka bapakipun | ruruntungan atutwuri | kang anggambyong riringgêkan | sindhène kaya gulampit | tindak bakul karainan | mèh têkan gongan ing gêndhing ||

9. Ngêlayang (n)dheprok sêluku | sarêng gong cêp suwuk gêndhing | ronggèng angêlik priyangga | sêndhon Lasêm lir anangis | mêngkana sasambatira | bapa payo têrna mami ||

10. Mring Tandhês nusul si biyung | numpal-kèli sun-lakoni | nèng kene nora kêrasan | tan nyandhang tan bêras pari | bapa-bapa payo lunga | marang ing Tandhês Garêsik ||

11. Bapakne anjêlih ngadhuh | adhuh dhenok anak-mami | ya payo saparannira | kewala ingong tut wuri | nulya (ng)gêndhing Lela-lela | gya ricik sarêng gong muni ||

12. Ni ` mêdêd anggambyung | kêsit lir prênjak tinaji | sindhèn kadya cala-pita | ronggèng andheprok alinggih | cêp mênêng gamêlanira | ronggèng angêlik pribadi ||

13. Sindhèn Lasêm tangisipun | sambat ngêlih têmên mami | tukokna ` janganan | bapa tukokna dèn-aglis | bapakne ngling dhuh nak-ingwang | sêdawir tan duwe picis ||

14. Kêjaba payungmu iku | urupna manawa olih | iya tak urupne bapa | gêndhèng Lela-lela ngêlik | tibèng ` gamêlan munya | Ni Madu mungsêr sêsirig ||

--- 9 : 20 ---

15. Sabên rong gongan sêluku | nangis sêndhon sambat ngêlih | èsthane sêdalan-dalan | sabên warung dèn-ampiri | anangis anjaluk sêga | sêlendhang kêmbênne kari ||

16. Têlas ingurupkên sêkul | bêrkate lampahan têbih | tapih liru sami sinjang | lèh ciyut luwas paduni | ingangge ubêt pinjungan | kêkêmbên ngiras têtapih ||

17. Jinggrang sadhuwuring dhêngkul | butuhan tan ambrukuti | sambat adoh têmên bapa | lawas tan têkan ing Grêsik | ya mung kari sadungkapan | lah payo mangkat tumuli ||

18. Anulya (ng)gêndhèng Ni Madu | ngêlik Lela-lela nuli | tinampan gêndhing araras | Ni Madu ngadêg angibing | kempol pupune anglela | kuning lir gadhing kinêrik ||

19. Poking payudaranipun | mênthêg malèthèt pinidih | ing pinjung kadya nyu wulan | kèsisan tapas sêpalih | miwah yèn mêngkang cangklaknya | pangêsuke tingal kèksi ||

20. Kang myat samya gêdrug-gêdrug | kairup tyas wlas ningali | kang nguncali kêmbên sinjang | sêlendhang miwah kulambi | wênèh sap-tangan kumbaya | lan têlkême isi picis ||

21. Pra bundhêl pêtinggi umbul | jor-jinoran pawèhnèki | kang cucul sabuk binucal | myang bêbêt kongkonan mulih | kon ngambil duwèking ngomah | angungun ngawirya kalih ||

22. Myat pigunane Ni Madu | mèsêm sira Jayèngragi | Ki Kulawirya anabda | mring Wiryadikewuh aris | punapa wus adatira | Ni Madu lamun angringgit ||

23. Matur Ki Wiradikewuh | inggih sampun sabênèki | lamun anggondrong kewala | yèn tan gondrong tan kadyèki | manahe wong kang tumingal | dhuh wikana ingkang mawi ||

24. Tan gêtun têmah bêrundhul | anak rabi tan tinolih | bobolèhing bapa biyang | tan rinèwès dèn-gêbrèsi | kang sugih tan eman-eman | kudu andudukwuluhi ||

--- 9 : 21 ---

515. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Ni (m)Bok Madu andadak kadya duk wau | sinambi kalih angibing | pra sinjang pawèwèhipun | wong nonton kang samya asih | ginendhong sarya anggambyong ||

2. Mangkul payung anglèngèk lir bakul untung | ngrêgiyêg anggendhong jarit | badhut ro bungah tut pungkur | lir buruh lêgèn kikinthil | sênggak bêbanggèn akêplok ||

3. Wus anutug dènnya anggondrong Ni Madu | sasmita suwuking gêndhing | anêsêg gamêlanipun | ricike rikat têrampil | kêndhang bêm (ng)gandhul ngêndhêlong ||

4. Nulya suwuk gêndhinge Ni Madu lungguh | ni randha suka ningali | angling mring niyaganipun | padha mêmangana macit | kêsêl sasuwene naboh ||

5. Myang nyarakênnyarakkên. dhadharan marang pra tamu | sadaya samya nginggihi | ngling malih marang Ni Madu | dandana manèh kang bêcik | lawan miliha pênganggo ||

6. Matur inggih nulya ni randha umasuk | mring wisma laju mring wingking | kêmul kubut anênamun | ana wong lanang sawiji | mêntas nonton ngiwa nguyoh ||

7. Thuring nguyuh kumrowok asru adangu | ni randha mandhêg anolih | ciptèng tyas sapa kang nguyuh | abantêr thure kapyarsi | bangêt unine kumrowok ||

8. Adat gêdhe duwèke tandha yèn nguyuh | kang nguyuh gya dèn-parani | sapa kang ngrêgêmêng iku | kagyat ngadêg kang sinung-ling | nauri ngong tiyang dhukoh ||

9. Nonton gambyong dènnya anggondrong Ni Madu | mring kêbon mariki sêni | ni randha anyandhak sabuk | wong lanang wus wruh yèn nyai | anggrayang prênahe dhogol ||

10. Gênyol gêdhe nulya mèh cinêkêl kukuh | ngling payo anunên mami | ginèndèng marang kang lindhuk | kur alingan gêdhèg siji | gujêngan wit gêdhang jongok ||

11. Dêg-adêgan ting karêsês kalihipun | ginêjêg ni randha angling | lo lo aja sêru-sêru | mêngko barêng bae bêcik | kang lanang kasêlak jêbrol ||

--- 9 : 22 ---

12. Nora kêna dèn-ampêt mêrkungkung mêtu | ni randha amuring-muring | o biyang wong apa iku | wong lanange dèn-gablogi | luwar dènnira pepeyor ||

13. Samya kesah ni randha marang ing tarub | luru wong lanang milihi | tan etang gêng alitipun | anggêr purun-angramuhi | tan pilih saênggon-ênggon ||

14. Angsal tiyang kalih tiga nulya wangsul | linggih marang ing pêndhapi | mêngkana sadangunipun | sabên wong kang dèn-gagapi | kèh mungkrêt ana mêtotong ||

15. Cag-cêg mag-mêg ana suka ana jêpluk | tan tau kang watak tani | kang purun sami angrubut | mring ni randha gênti-gênti | kang ginarap ènca-ènco ||

16. Yata wau anake kyai pêngulu | si Sangidah ingkang kari | nèng wisma sasontênipun | mêsês dènnya arêrêsik | tan milalu anênonton ||

17. Tan ana kang ka-etang raosing kalbu | mung sang bagus Jayèngrèsmi | kang tansah anèng ing tajug | kari dhewe gêlik-gêlik | ni rara manahe nêmpoh ||

18. Datan ana sangkribe saking gêng wuyung | tyas mêmpêng tan widak-widik | sênthot mêdal maring tajug | anuju Ki Jayèngrêsmi | nèng suro eca lêlêson ||

19. Ni (m)bok rara ngêngakkên lawange tajug | masuk kori dèn-kancingi | mêndhak laku bokong maju | lêgoso mèlu aguling | sing pungkur angêkêp boyok ||

20. Jayèngrêsmi kagyat myat ni rara ngrangkul | winêngkang-wêngkang tan kêni | sang abagus tyasnya rikuh | samudana angling ririh | sirèku anusul turon ||

21. Matur inggih mangsa boronga sang bagus | awak-kawula puniki | tan kuwawa wiwal kayun | mugi paringa jêjampi | kuwur ing tyas dèrèng gamboh ||

--- 9 : 23 ---

516. Gambuh

1. Jèngrêsmi ngandika rum | lah (m)bok rara payo padha lungguh | priye karêpira sun-arsa udani | ni rara datan sumaur | mung mênêng nyênêng kemawon ||

2. Ing sêmu wus kadulu | pan kumêdah kinarsan pulang hyun | ngandika tyas Jèngrêsmi lah priye iki | godhaning setan anêmpuh | gawe pakewuh ing lakon ||

3. Apa wus tanjêkipun | desa ing Pulung ulah pulang hyun | padha ruruh rucah tan ana kang tani | cacak prawan anak kaum | tan sangkrib kudu ambêrot ||

4. Wusana ris amuwus | bêcik padha alungguh karuhun | nadyan darbe kayun kang rèrèh kariyin | ni rara nulya anurut | samya tangi tata lunggoh ||

5. Lon pangandikanipun | sun-tuturi kang bêcik sirèku | iya nora beda sira lawan mami | padha bae darbe kayun | nanging mujadah dèn-alon ||

6. Bêcik kêlawan rêmbug | mring wong tuwa sarana tinêmbung | aja tingkah jinah têmah nora bêcik | duraka gêdhe ing ngèlmu | nglakoni polah tan ilok ||

7. Eman rupamu ayu | durung mangsa kadhinginan tuwuh | sumênèkna rara atinira dhingin | kang jamak ngajiya ngèlmu | sêmbahyang utamèng wadon ||

8. Yèn kêparêng bêgjamu | besuk yèn uwus têtug§ Prayoginipun / tutug /. lakuku | sun-ampiri yèn padha mêksih lêstari | ngong-têmbunge wong tuwamu | gampang ewuh datan awon ||

9. Ni rara duk angrungu | gêla manahe cuwa kêlangkung | micarèng tyas ya talah tan nyana mami | ngong sêngguh gêlêm maringsun | tuwas nora nonton Gondrong ||

10. Ni Sangidah tan wuwus | rêngu mundur mijil saking tajug | praptèng wisma angling mring rowangrirèkirowangirèki. | lah payo nini Gêritu | mring kêrandhan nonton gambyong ||

--- 9 : 24 ---

11. Nauri kang ling nguwuh | nontona dhewe ingong tan mèlu | biyang Kêdah gugahên jakên ningali | gya ginugah tutur ngêlu | yèn aja lara ya nonton ||

12. Sangidah mangsra-mangsru | myarsa jumêdhot swara gumuruh | payo nini Gritu lah nonton dèn-aglis | pinêksa ni Gritu tumut | mêngetan anonton gambyong ||

13. Wau ta kang anayub | kang wiwit ngibing Ki Wiradikewuh |Lebih satu suku kata: kang wiwit ngibing Wiradikewuh. gêndhing Onang-onang ronggèng ngalik-alik | bature alok gumuruh | ni randha nglarihi gupoh ||

14. Galênggêng barêng nginum | Ki Kulawirya gèdhèg andulu | mring polahe ni randha nginum tan wigih | salang gumun ana muwus | hèh Kalang gêrang dudu wong ||

15. Dènnya (m)bêksa anutug | ngadêg tombok sinuwêlkên susu | jênggung suwuk wus mundur tata alinggih | nulya Surawijayèku | ni randha marani lunggoh ||

16. Ambêkta gêlas gêndul | sêg nèng pangkon rêp-arêpan lungguh | samya nginum sagêlas edhang randha ngling | mara ngombeyan inginum | kabèh sanak-sanakingong ||

17. Paran gêndhinganipun | Surawijaya angling Lung-gadhung | lo lah mara muniya Lung-gadhung aglis | sigra buka rêbabipun | ngak ingik ngêng bêm nulya gong ||

18. Ronggèng anggêndhèng ngungkung | randha ngadêg ngajak nyènèng guthul | nulya ngadêg Surajaya gumujwagumuywa. ngling | biyung êmpun sêru-sêru | kêbanjur yèn sakit nguyoh ||

19. Ucul panyènèngipun | ronggèng ngêlik prêpêt maju mundur | tombok sinuwêlkên kêmbên ngampir-ampir | sarêng nuju ganganipungonganipun. | kluwêng pacak-gulu gelo ||

20. Ni randha ngawe gupuh | mring Duljaya kèn ngunèkkên drêbus | kang tinuduh sigra angunèkkên bêdhil | gêr gya surake gumuruh | nutug mundur jênggung kang gong ||

21. Nulya saurutipun | ni randha lungguh anjaluk pangku | tan prabeda lir wau dènnya alarih | sagêlas edhang anginum | (n)jaluk pangku nyènèng dhogol ||

--- 9 : 25 ---

22. Wus wêrata sadarum | samya sangêt mêndêm ting galuyur | kari siji Ki pêngulu Jabalodin | ni randha anjaluk pangku | ki pêngulu rengkat-rengkot ||

23. Payo pêngulu nginum | sagêlas êdhang ya lawan aku | ki pêngulu kipa-kipa dèn larihi | pinêksa dèn-ajak nginum | ki pêngulu bêkah-bêkoh ||

24. Ngling payo padha nginum | apa dudu tik-mêlik wong Pulung | nora gêlêm ngombe arak ngong cêcênggring | sagêlas thil bae nginum | mêmucung kalawan ingong ||

517. PocungTeks asli: Pucung.

1. Ki pêngulu pinêksa-pêksa anginum | ginujêg rinasa | yèn kêpatèn sumbêrnèki | nulya nekat nuruti nginum sagêlas ||

2. Sarwi muwus pisan niki mawon sampun | biyang dene sêngak | sumêgrok rasane pait | botên ajêng malih-malih nginum arak ||

3. Sru gumuyu ni randha mring ki pêngulu | pan kari sêpisan | nadar-kula nèh lakoni | ngalêboni têlèdhèk (n)dika ambêkan ||

4. Ngling puniku kula mopo rèh tan patut | prèhpun pocapannya | jênêng pêngulu anjongkit | botên ilok nglampahi pratingkah karam ||

5. Suka muwus botên lan (n)dika anggambyung | Ki Duljaya mojar | kathah-kathah kang dèn-pikir | (m)bok linakon kewala anulya luwar ||

6. Dandanan wus kapuwung pênêt anurut | lir pêngulu kutha | kathah prabote anyirik | kaum desa dosane sêdasa siksa ||

7. Wawi sampun punapa gêndhinganipun | ngling mangsa boronga | e lah pênêd Talabodin | gya ingawe niyaga muni gêndhingan ||

8. Sru gumuyu Jèngraga Kulawiryèku | o lah katiwasan | ki pêngulu Jabalodin | sasat kadya omah kobong kêsaladan ||

9. Wong sêdhusun wus (n)dilalah padha kuwur | kapir nut ing randha | maksiyat andurakani | wus katara tan doyan mamah kalimah ||

10. Dhêmên mêncul gêcul kumpul ngulig guthul | Jèngraga ris

--- 9 : 26 ---

nabda | mring kang paman (ng)guguyoni | mung kenginga dongane kewala kalal ||

11. Adhuh sampun kathah mikir mindhak wurung | turene mèt sarat | ngakali darbèkirèki | tinarima lothung tombok kêmlaratan ||

12. Mèsêm muwus e la yan-yanane iku | mulane anekat | kucing-kucing ngong-raupi | iya kuwe sun prih donyane kewala ||

13. Yata wau kang pinêksa ngadêg gambyung | ginèndèng dhogolnya | ki pêngulu pringas-pringis | ngorot-orot mring têngah ngadêg kalangan ||

14. Gya sinindur angêlungkên tombokipun | ginêgêm rong uwang | tinampan sarwi ngèsêmi | ki pêngulu mèlu mèsêm pêpandêngan ||

15. Gêr ginuyu sakèhe kang samya (n)dulu | ni randha alatah | dene padha waninèki | gya ni randha ngrangkul gulune kalihnya ||

16. Wus ginêpyuk ki pêngulu lan Ni Madu | adu bathuk mêndhak | wong têlu randha bibisik | yèn barêng gong Madu ngong rika ngambunga ||

17. Gya gong jênggur ki pêngulu sengok ngambung | sinurak ing kathah | Duljaya ngunèkkên bêdhil | Kulawirya Jèngraga gumuyu latah ||

18. Ki pêngulu kaduwêlan mingkang-mingkung | sajak emprak tanak | rambah-rambah tomboknèki | êntèk suku imbuh golok kulambinya ||

19. Bêbêdipun dèn-dhèdhèl marang Ni Madu | sabuk kari sruwal | saya nêmên dènnya ngibing | li-aline soca watu guwa kêna ||

20. Usus-ususing sruwal bêbandhulipun | rong wang picis kêndhang | binêthot cathut wus kêni | sinindhêtan sus-usus cupêt tan kêna ||

21. Koloripun tinêkêm gya jênggung mundur | ginuyu ing kathah | ki pêngulu laju mulih | ingkang jagong salong ming kalih ambêkan ||

22. Pan rinangkul mring ni randha kalihipun | kinèn angambunga | yèn wus ngambung mundur gênti | gênti maju lawan sruwalan kewala ||

23. Kèh kang brundhul wus mêndêm tan etang-etung | gya lungguh ni randha | matur mring Kulawiryèki | sumangga paduka anjurudêmunga ||

--- 9 : 27 ---

518. Jurudêmung

1. Ki Kulawirya ngandika | lah kula bibi (m)bok sampun | ni randha angudi atur | ngaturan malêbèng wisma | jinawil mring putranipun | umangsuk kering ni randha | praptèng panti samya lungguh ||

2. Ni randha suka tyasira | sasaos sing prabot luhung | anorog pêthi giwang wus | ambil pêrabot kuna |Kurang satu suku kata: angambil pêrabot kuna. jamang sumping kêlat bau | anting-anting gêlang kunakana. | pamêkak mas akêkalung ||

3. Lur-ulur naga karangsang | Byang Kêcèr nampani gupuh | anèng panampan pinanggul | sinaosakên ing ngarsi | ni randha aris umatur | sumangga abusana-a | cara kina kang abagus ||

4. Ki Kulawirya duk mulat | pêngangge rukmi linuhung | pinuji ing hèr bang wungu | micarèng tyas e ya nyata | wong Kalang sugih kalangkung | layak kaloka ing kathah | bandhane wus ngumbruk-umbruk ||

5. Yata kang anèng pandhapa | kang samya (n)jogêd anayub | ni randha mêdal anuduh | wong (n)jaba anglêbonana | gêndhing Sêkar-gadhung landhung | iya banjuran kewala | kang liningan suka gupuh ||

6. Tan susah (n)jaluk gêndhingan | badhude ngling mara sarsur | ni randha wusnya gya masuk | mulat marang kang adandan | Kulawirya winalungsung | Jèngraga anèng pandhapa | suka tumingal wong gambyung ||

7. Wontên wulanjar satunggal | amèncès rupane ayu | akuning bobonyo arum | mêsês bêsuse ngayangan | akèwês pantês dol ayu | dhasar moncol warnanira | (m)bok Tarijah namanipun ||

8. Kêkêmbên jingga wêlaka | sinjang bathik cêplok rimbung | kalung kumbaya kusta lus | gêlangan pare kêrantan | ragi cêlak dènnya lungguh | kêlawan Ki Jayèngraga | salirikan ing pandulu ||

9. (m)Bok Tarijah sontên mila | kêpara ngarêp (ng)gonnipun | nadhah liringe sang bagus | lèjême asêsangkutan | ting kêdhuwêt adu sêmu | Jèngraga juwêt tumingal | mring ni lanjar namur kêmu ||

10. Pinêndir sadangunira | sêmangsa lamun dinulu | ni lanjar gorèh

--- 9 : 28 ---

alungguh | kinang têlung poros têlas | mêksih ngèngèhakên suruh | racikan sêmprit mèngkolan | saosan yèn kêrsa mundhut ||

11. Lininting anèng sap-tangan | ingudhar uga ginulung | jinarag amrih dinulu | Jayèngraga kaguguran | wulanjar kang jujur kayun | mulat Jèngraga abagus | sêmbadèng busana wangun ||

12. Ni (m)bok wulanjar Tarijah | krêp aliyan dènnya lungguh | Ni Sangidah sandhingipun | samya gêguyon samuran | karone kèdanan (n)dulu | mring kang ngrimong jingga mangsa | Sangidah tutur wus wêruh ||

13. Duking sêlagine prapta | sakêdhap ing wanci surup | kang sawiji mêksih kantun | nèng tajugku tanpa rewang | malah abagus kang kantun | nging tan rêmên balèndèran | mogêl§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / mogèl /. kul antêng arêgu ||

14. Ngrangkung kuwe rada ladak | bêtah ningali wong lungguh | samya jorogan gumuyu | ni lanjar lan (m)bok pêrawan | sami sasmitèng pandulu | mara ta gêlungku wudhar | bangêtên si lanjar iku ||

15. Gêguyon nglêburkên kêmbang | ni lanjar mojar gumuyu | ngarah apa bibi iku | wus ta kae lo wong bêksa | man Jadrana nganggo ngambung | ni lanjar ngling cik ora-a | Jèngraga mèsêm andulu ||

16. Wong ro sabên dinulu-a | ting jakêthêt awakipun | Jèngraga angling jro kalbu | wong iku lêgêde pasang | nora kêna wong dudulu | karone adhêkêsan |§ Prayoginipun / akadhêkêsan /. nanging kang dadya tyas-ingsun ||

17. Mung mring ni lanjar Tarijah | kang balerah netranipun | alindri liringe mamprung | Jèngraga tyas darbe karsa | nulya animbali gupuh | mring Nuripin praptèng ngarsa | lah payo Nuripin mêtu ||

18. Ngong arsa sêne sêdhela | kang santri Nuripin gupuh | umiring bêndaranipun | Jèngraga (ng)gênnira mêdal | parèstri anglud andulu | kabèh lir mèlu-mèlu-a | mring saparanne sang bagus ||

19. Kang aturas tinuruhan | Jèngraga ngandika arum | sapa kae wong (n)dudulu | lèjême padha mêmasang | Nuripin alon umatur | kang lir prawan pun Sangidah | lanjar Tarijah kang kidul ||

--- 9 : 29 ---

20. Ambibi mring pun Sangidah | anakipun ki pêngulu | Ki Jamalodin§ Prayoginipun / Jabalodin /. puniku | ngling dene sumurup sira | inggih sumêrêp duk wau | (m)bok pêrawan wirangrongan | mring rakanta kang nèng tajug ||

519. Wirangrong

1. Jèngraga ngandika aris | dhasar ngong tan pati anon | mung kidule ika kang ko(k)-tutur | (ng)grêgêdake ati | sènggane ngong karêpna | saiki ing ngêndi (ng)gyannya ||

2. Matur gumuyu Nuripin | inggih mangga dipun-angkah | ing mangke kewala lingsir dalu | nèng wismanirèki | wulanjar ragi kuwat | agêng wismane prayoga ||

3. Jèngraga mèsêm mangsiti | iya rah-arahên mêngko | sandhinga ni lanjar lèhmu lungguh | bisikana wadi | yèn kêduga ngong sanja | mring dhèwèke ngong wèh raras ||

4. Matur sandika Nuripin | Jèngraga wangsul ing ngênggon | wong myat mire piyak (ng)guyu-(ng)guyu | ngèsêmi kang sigid | wus lênggah ing pêndhapa | Ripin nèng wuri kilènnya ||

5. Ni wulanjar ngowahi |Kurang satu suku kata: Ni wulanjar angowahi. gêlung kêmbêne kang kêndho | pan sandhanganira yèn dinulu | amaguti liring | Nuripin namur nabda | anjaluk gambir bisikan ||

6. Ni wulanjar dèn-jarwani | bab rêpit guthit wêwados | ni lanjar trataban ngêlêd idu | gêgondhange salit | ambêgane kumrangsang | sêrêt mêrkutuk swaranya ||

7. Ngalêsik nauri ririh | inggih sumangga kemawon | nulya ingulungan dènnya nêmbung | anjêjaluk gambir | sarwi lan kang racikan | kinèn ngaturkên Jèngraga ||

8. Wus tinampan mring Nuripin | pan angon iriban kang wong | ingaturkên marang sang abagus | kang mèngkolan sêmprit | Jèngraga kawigaran | miyat adining racikan ||

9. Tyas truh kasêmprot ing sêmprit | Ki Jayèngraga katujon | pan

--- 9 : 30 ---

lajêng ginantyan asmu (ng)guyu | tansah angliliring | mring ni lanjar Tarijah | ing sêmu samya karênan ||

10. Kang samya banjuran ngibing | bancar ro tan ana rusoh | kathah warnanira tombokipun | pêngangge myang picis | kèh brundhul kari sruwal | prandene bungah akiprah ||

11. Ambêkta arak pribadi | gêndul gopi= kopi (gêndul kopi adalah botol yang pipih). guci lodhong | linangga adêgan ting sêritu | cêlonasan angling | cêciyon cowa-cowa | tingkah rucah dan-edanan ||

12. Yata kang lagya ngrurukti | ni randha kalawan kenthol | karone busana sarwa luhung | ajamang susumping | kêkalung kêbo mênggah | lur-ulur naga karangrang ||

13. Gêlang kêlat-bau anting-anting | pamêkak mas marong |Kurang dua suku kata: pamêkak mas amancorong. rapèk pêlung tumpal têlpoh wungu | akokonca kalih | amblarah lir manyura | awida jênar gêbêgan ||

14. Kris tinatah wrangka kêndhit | pêndhok bunton ngunir bosok | akace kumbaya kusta alus | uncal rante rukmi | alanggat tutup rasa | tinarètès intên mirah ||

15. Ni randha busana rukmi | angrakit ingkang pênganggo | jamang mas gugrudhan cara kakung | gêlang anting-anting | auncal tutup rasa | arapèk kris rangka ladrang ||

16. Kewala kaot kulambi | kotang renda bêludrijo | sasabing wanita namur kakung | wus tan kêtarèstri | sarigak kadya priya | ni randha lan Kulawirya ||

17. Ni Kacêr dèn-busanani | kinêmbar kêlawan gambyong | pinadha kewala lan Ni Madu | kêpara ngungkuli | wusnya sami busana | gya mijil marang pandhapa ||

18. Kagyat kang samya ningali | mring sang ro katèlukatêlu. wadon | jalwèstri gumêrah ngaruh-aruhi |Guru lagu seharusnya: 10u, jalwèstri gumêrah ngaruh-aruh. we bilah si nyai | dene akayang rambat | amalih warna ni randha ||

19. Lir dewa lan satriya di | nganthi widadari kaot | Biyang KêcêrKacêr (dan di tempat lain). ika dhasar ayu | binusanan ringgit | manglingi si dipênthang | yu pendah§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / mindhak /. sêpirang-pirang ||

--- 9 : 31 ---

20. Pating kêlacêr samya ngling | kae pa mêngko anggambyong | durung tumon bisa bêksa gambyong | ana kang nauri | (n)dahneya nora bisa | mulane kinèn ya bisa ||

21. Wus lungguh anèng pêndhapi | mingsêr kabèh kang ajagong | samya eram-eram dènnya (n)dulu | mring rekane nyai | randha acara lanang | giris tamune rinêngga ||

520. GirisaTeks asli: Gurisa. Untuk konvensi Girisa biasanya guru lagu 'a', dengan jumlah wilangan 8 suku kata.

1. Jayèngraga mèsêm mulat | dènnya mêrabot kang paman | lir kinarya pakaulan | micarèng sajroning nala | sarwi mêndha dènnya ewa | mring randha gawok tumingal | panggihe bandha drêbala | pradhah bèr mutahkên dunya ||

2. Tan ana kang mêngkono-a | sajake wong sugih donya | anêrka wus kalulutan | ni randha dening donyanya | wau ni randha Sêmbada | matur marang Kulawirya | sumangga sampun punika | sakêrsa inggih punapa ||

3. Gêndhingan ingkang kinêrsan | Kulawirya mèsêm nabda | mring kang putra Jayèngraga | kêpriye kono anakmas | mangsa bodho-a ngong drêma | kang putra gumujêng suka | (ng)gih kêjawi gêndhing adat | Pêtung-wulung ladrangannya ||

4. Nuntên Genjung-goling minggah | Ginonjing wêton kêlana | angglêgês berag kang paman | ngling mring ni randha Sêmbada | niku turene anakmas | gêndhing Genjung-goling minggah | Ginonjing pathêt manyura | ni randha gumuyu mojar ||

5. Mring pra jadhug kang jagongan | kabèh sanak-sanakingwang | mangke yèn manira (m)bêksa | lawan kemas Kulawirya | kang rame dèn-suka bungah | sami ngadêga sadaya | surak kêploke kang rampak | kang sami (m)bêkta sanjata ||

6. Drèl barêng cara wong kutha | ngong (n)jaluk lêgane sanak | kang padha samêkta suka | kang sinung ujar gêmbira | sadaya saur kukila | punapa sakêrsa (n)dika | kawula jumurung suka | ni randha malih lingira ||

--- 9 : 32 ---

7. Lah mara sanak niyaga | sêndhone pathêt manyura | yèn uwis nuli lêkasa | Genjung-goling tibakêna | Ginonjing kang sarwa berag | nabuh kang apik atata | kang liningan tur sandika | nulya sêsêndhon araras ||

8. Nutug lih-ulihanira | laju rêbabe abuka | Genjung-goling gya tinampan | ing ricik ngrarangan rampak | têlèdhèk lêkas atandhak | Kacêr lan Ni Madu rimbag | lir Ratih lan Drêsanala | winahyèng kêlir kêwangwang ||

9. Sarêng gêndhing ngêlik saplak | anganyut mêthit wilêtan | manis arum gêtas rênyah | bêning gumrining ngêmandhang | rêbut uluk panglikira | barung swarèng suling rêbab | lir sundari lan sawangan | nèng tawang ngangkang kapwanan ||

10. Tungtum ngês mêmanisira | karya rujading pêngrasa | jalwèstri kènyut kang nala | nalika myarsa sindhènnya | malah mêdal rahsanira | ngêmu rêndhêng tan ana sat | Yèn ta kabèh ginagapa | kêlêpèh kêpoh anoya ||

11. Ronggèng ro ukêl bêdhayan | sêsirimpèn tan sulaya | Ni Kêcêr wasis sêkala | tan mantra-mantra dadakan | kadya wus gambuh waunya | sêdaya gawok tan nyana | wong lanang marong brangtanya | sawênèh ngucap mêngkana ||

12. Biyang Kacêr yèn banjura | dadi gambyong iba-iba | larise akèh kang nanggap | malah dadi pakaulan | akèh kang nauri layak | wong wis mêngkono entragnya | kêmanon padha sadhela | layak pancèn dadi tandhak ||

13. Jèngraga suka tumingal | myat kang gambyong kalihira | Ni Madu Kacêr tan beda | ngling ririh marang kang paman | gêtun ngong punika paman | Biyang Kacêr dènnya tandhak | paprigêlane apacak | sèdhêt kathêt tanjêgira ||

14. Rêbat sênêng piniliha | kaot wêwajaranira | pênêd pun Madu warninya | nanging jêg pêngambyongirapênggambyongira. | pênêd pun Kacêr angkatnya | prêpête pêksi madal pang | mamprung lumarap arikat | pun Madu kasoran pacak ||

--- 9 : 33 ---

15. Kacêr kasor wajarannya | kang paman nauri nabda | ya bênêr lèhira sojar | si Kacêr lir kêdhanyangan | barêng gambyong salin rupa | amêsthi§ Prayoginipun / amêthis / [amathis]. luwês solahnya | nadyan rupane prayoga | mung irunge kang kuciwa ||

16. Irung sunthi rada mungal | nyuda ati wajarannya | rupane kabèh prayoga | yèn ta aja asunthi-a | lan si Madu bag-ginêbag | lan anglotèng anggonira | bisa ngêndhih ing atingkah | kang putra gumujêng suka ||

17. Kang uwis ngrasakkên paman | bubuk olèh lèng ngalêmnya | Ki Kulawirya ris nabda | wong satêmêne kewala | nora ngompak dhasar nyata | ni randha ngalêm cèthinya | si Di-bênthèt nora jamak | bisa gambyong baut pelag ||

18. Iku apa kasurupan | de dadakan bisa tandhak | lan si Madu nora siwah | lir dèn-gawèkkên kêmbaran | Biyang Kacêr si Di-panthi | anggambyong padha sadhela | eman tan dadiya tandhak | si Di-bênjèng salin rupa ||

19. Bakale patut palilan | bisa amênthung lanangan | mandhah ting gêlêthêg mana | jêjakan dhudhan somahan | ni randha mèsêm turira | mring awirya kalihira | pun Biyang Kacêr punika | kula dadosakên tandhak ||

20. Kaidèna ing paduka | sintên pantêse namanya | paduka paringi nama | gumuyu Ki Kulawirya | ngandika mring Jayèngraga | sapa aranne pantêsnya | Kacêr dadi gambyong anyar | kang putra mèsêm ngandika ||

21. Yèn kula amêstanana | pun Gêndam pêpantêsira | kang paman gumujêng mojar | mring randha puniku nakmas | asung pêparap pun Gêndam | ni randha suka tyasira | nulya siniratkên kathah | yèn Byang Kêcêr ran Ni Gêndam ||

22. Nauri pra bundhêl desa | sakèh ingkang nèng pêndhapa | saur manuk suka bungah | gêmbira asurak-surak | sumyah bêngkrak ngumbe arak | rame bungah latah-latah | myang kang nonton sru gumêrah | wong anom samya gêmbira ||

--- 9 : 34 ---

521. Sinom

1. Wau ni randha Sêmbada | matur mring Kulawiryèki | punika sampun sumangga | kawula aturi ngibing | radi kêdangon kêdhik | Jèngraga anjawil dhêngkul | wawi ta ingaturan | jumênêng paduka ngibing | ingkang paman sigra ngadêg ing kalangan ||

2. Sêdaya ingkang linggihan | samya ngadêg anjênêngi | jumênêng Ki Jayèngraga | angrimong jingga rêspati | anulya lêkas ngibing | anyanguk thêk pacak-gulu | bêksa rangin araras | mêthènthèng lir Bima-kunthing | pan katongton baguse kadya jajaka ||

3. Mênthang asta anêmbirang | ronggèng ro nindur mangarsi | tumèplok ing wêntis malang | barêng ngêlik Genjung-goling | lir wulung ro kapipit | mêrit anjêlirit runtut | angêlik lêlantikan | mêrit mêthêt mêthêt ati | anêratas lir tinutus tyas kang myarsa ||

4. Ni randha myat bêksanira | pacake langkung rêspati | sigra angrakiti pasang | miwir sondhère kumitir | tindak irama sami | samêkta sasolahipun | ababag kadi bang-bang | Pujadewa Pujasêkti | para umbul bubundhêl pêtinggi desa ||

5. Sinasmitan ing randha |Kurang satu suku kata: Sinasmitan ing ni randha. sarêng surake gora ngrik | (m)bêkik kukuk akakakan | alon huse-huse sami | kêploke wanti-wanti | bêdhil brondongan kadya rug | sapanti ajêdhotan | ting barêngok pra pêtinggi | nginum arak sasukane dêg-adêgan ||

6. Myang kang larih mring ni randha | atur pasihan agênti | sarya sru dènnya samya jar | dubilah dene rêspati | pênêt kang tanah§ Prayoginipun / tanak /. ngibing | pinuput dèn-kongsi esuk | pra jadhug sêdayanya | tan ana dhapur dhong sami | kèh kathokan anjêbobog reyab-reyab ||

7. Kang udhêng-udhêng kewala | ana mung ngangge kulambi | kang sabuk-sabuk kewala | kotang bae tanpa bênik | kêt kacu kêtat gambir | (m)bopong bêbêt kalung sarung | amoh labêt têlêsan | tinombokkên maring ringgit | suprandene abungah tan etang wuda ||

--- 9 : 35 ---

8. Dhapure wus lir lêlaran | dèn-wêdalakên winilis | ting gêluyur alan-alan | kèh solah kèh swaranèki | barêng surak ngrik-angrik | kêplok sru bêdhil (n)dharudhul | ni randha dènnya-mbêksa | kêtara pacake èstri | nanging bisa niru bêksa tan sêlaya ||

9. Ronggèng ro apêpasangan | kêsit lir prênjak tinaji | sisirig tapèn ting-tingan | ngênyêg mêdhi-kèngsêr ngringgit | mênthang udhêt (n)dhêdhêti | liru (ng)gon sarêng anindur | mrêpêt kupu-tarungan | sarwi ngêlik kumalinthing | larap tèplêk nêngah lambung alilingan ||

10. Lèngèh-lèngèh dalongèhan | mêjang ngincang-ingcang alis | ahebat kluwêng kumlepat | ngêsot-ngêsut asêsirig | nglêtêr pêncar aminggir | kakunge mêgêg abêsus | antara dangunira | ngrantêg gêndhing Genjung-goling | nulya niba Ginonjing sêsêg asantak ||

11. Kêndhang kêmpyange angaplak | angugukangguguk. gêdhug magaki | bêm sêbah rara siblonanciblonan. | kosèkan ambêbanggèni | saron imbal mincati | bonangane ngênut-ênut | gambang caruk walikan | rêbab ngêcêk cêngkèngèng ngik | kêcèr ngopyok kênong sungsun kêthuk ngêmprang ||

12. Ambyantu panabuhira | salin sajak kang angibing | mirong kunca ing midhangan | bêksa kêlana tinangkil | aluwês dhèmês wasis | oklak-oklikan sakojur | nêlasakên rekanya | lulungidaning pangibing | nyai randha randhat tan pati anyandhak ||

13. Ka-agag ing êndêmira | kêconggah niru tan wigih | sangsaya ramening surak | sumyak-sumyak mènêngkêri | kêplok tan kongsi sami | grêjêgan otêr gumuruh | miwah drèling sanjata | lir gêrah myang ting jalêrit | alok saking suka parisukanira ||

14. Rare jalwèstri tan beda | barung surakira atri | ni randha ngênting sukanya | salamine tan kadyèku | nutug raosing kapti | mêngkana wau sang bagus | juwêt mêdal ing jaba | milih nyenggoli pawèstri | kang sinènggol megol jêbol rahsanira ||

15. Nyuwêl nguyêl payudara | mipil pipi ingkang kuning | tan ana ingkang marêngkak | malah ciptanira maning | antara dangunèki | dènnira ngibing anutug | kumringêt babakannya | nulya samya wus kang ngibing | tinututan jênggung suwuk kang gamêlan ||

--- 9 : 36 ---

16. Nulya samya lêlênggahan | wêwedangan ngaring-aring | sakêdhap nulya ni randha | matur mring Kulawiryèki | punika ingkang mugi | putra-paduka sang bagus | prayogi abêksa-a | langkung kapanuwun-mami | tan ketang jumênêng ambêksa sagongan ||

17. Kulawirya mèsêm nabda | mring kang putra abibisik | iku anakmas ni randha | kêpengin wruh sira ngibing | kang muga tinuruti | ketang sagongan bae wus | kang putra aturira | tan patos dhangan ing kapti | adho ora têka bêksa-a sadhela ||

18. Mandah kang para bênthètan | pêthot kêkêndhite sami | saking mêjêne tumingal | marang anakmas dèn-aglis | kang putra andhangani | Ki Kulawirya gumuyu | lah gêndhingane apa | inggih paman ingkang gampil | ya kêjaba Lompong-kèli ingkang gampang ||

19. Inggih sumangga sakêdhap | kang paman sasmitèng nyai | randha mojar mring niyaga | payo muni Lompong-kèli | niyaga sigra muni | ronggèng ro samya anggambyung | jumênêng Jayèngraga | sarwi ngrimong jingga manis | ingkang jagong samya ngadêg sadayanya ||

20. Ni randha lan Kulawirya | wong ro nyêpêng coloknèki | sarwi prentah kêplok surak | Jayèngraga bêksa Panji | jêjêr sajak rêspati | sègêg pacak-gulu manglung | mênthang asta andhêngklang | jariji kêjêr kumitir | wêntis malang tindak amidak irama ||

21. Ahebat naga wangsulan | ronggèng ro sarêng angêlik | larap nindur angujiwat | anglèlèngèk pongah-pangih | sakèh wong jalu èstri | cêp-rêp tan ana gumuruh | kang kêplok tanganira | maksih gathungngathung. tan nangkêpi | ingkang surak cangkême mlongo kewala ||

22. Kang ngungêlakên sanjata | wus muni mlayu ningali | kang tan kongsi muni sigra | milalu samya ningali | anjomblong tan cumuwit | myang wong wadon sêdayèki | samya cipta kedanan | lir kênèng guna pêngasih | mring Jèngraga kaya anubruk-nubruka ||

23. Ngondhok-ondhok manahira | (m)barêbêl luh myat wlasasih | mring sang bagus Jayèngraga | mêndhêkêl abuh kang ati | kèh

--- 9 : 37 ---

mingsêg-mingsêg nangis | myang kang ngrimong jingga madu | bêksa lir dewa (n)dharat | patut nguyuningyungyuni. pawèstri | Jayèngraga antara wus rolas gongan ||

24. Aluwar dènnira (m)bêksa | cuwa sakèh kang ningali | pangrasa mung têlung gongan | eman-eman nuli uwis | nulya gumêdêr malih | samya tata lênggah sampun | wus aso sawêtara | ni randha ngling mring niyagi | unèkêna Pêtung-wulung sabêlabak ||

522. BalabakTeks asli: Bêlabak.

1. Nyai randha Sêmbada alon umatur | wuwuse | lah suwawi paduka angibing malih | pênêde ||

2. Owêl gêndhing Pêtung-wulungipun mêmbat | rarase | Kulawirya sigra umadêg ambêksa | mathènthèng ||

3. Ngadêg malih kang anjagong angurmati | sakèhe | surak kêplok barung lawan bêdhil muni | arame ||

4. Kulawirya ni randha ngrakiti ngibing | jèngklèke | kapat samya ngênjot-ênjot jogèdira | sajake ||

5. Ting kêrangkung tangan lir gogo mèk-mèkan | njêbèbèh | Kulawirya ni randha myang Madu Gêndam | kapate ||

6. Samya ngêtog cengkok cacahe ambêksa | ronggènge | ilo-ilo lêlathèn atêtasikan | rekane ||

7. Sêdhakêpan sangga wang (n)dhodhok cewokan | kèpète | luru-luru pipindèn atêtênunan | pamane ||

8. Asiluku dhidhisan antih-antihan | tangane | kêkiraban ukêl gêlung cêcênthungan | ukêle ||

9. Gêndhingira yèn kantun sakênong nuli | êgonge | ambarêngi kênong jinênggung ping sanga | gongane ||

10. Kulawirya anut gong pacak-gulunya | jêglige | gulêt-gulêt ronggèng ro padha wasise | sindhène ||

11. Kulawirya acapang dhêngkul unggahan | tadhahe | tinêrancag ing ronggèng nulya sinangga | lambunge ||

--- 9 : 38 ---

12. Ronggèng gambyong ngayang-ayang anèng wêntis | anggêndhèng | mung sagongan mudhun jog mungsêr sisirig | anglètèr ||

13. Wusnya Madu nulya Ni Gêndam narincig | rikate | mancat dhêngkul anggambyong anèng ing wêntis | nglayange ||

14. Sarwi pinêgolan ing asta sawiji | boyoke | sagongan gya mudhun sisirig ngêndhuyuk | nyig-nyige ||

15. Sabên kênong kagyat lir bahak anjingklak | kruwêle | loro larap lir bêdhès tinimbas tuna | indhane ||

16. Kikicatan ting salêndhuk angkêl-angkêl | sikute | Kulawirya sinêmbadan nèng kalangan | lan ronggèng ||

17. Gantya-gantya ronggèng ro dènnya naricig | tinampèn | nyai randha mèlu naricig ing wêntis | lir ronggèng ||

18. Madu Gêndam ni randha katri naricig | gêgêntèn | Kulawirya apanggah dèn-krubut têlu | pupune ||

19. Jayèngraga ningali kang sami (m)bêksa | dangune | pan dinuga laju sawêngi anatas | esuke ||

20. Asasmita mring Ni wulanjar Tarijah | sêmune | tinudingan kinèn (n)dhisikana mulih | omahe ||

21. Ni wulanjar ing manah sampun kaduga | kêrsane | sigra mêdal solahe datan kêtara | wadine ||

22. Tan antara Jayèngraga namur mêdal | asêne | lan Nuripin laju kinèn nuduhêna | omahe ||

23. Ni wulanjar wus tata paturonira | cawise | Jayèngraga prapta pinapag ing latar | panggihe ||

24. Ki Nuripin kinèn wangsul mring pêndhapa | kalihe | gya tumamèng wisma lawan Ni Wulanjar | gulête ||

25. Santrinira sigra wangsul mring pêndhapa | kalihe | gya tumamèng wisma lawan Ni Wulanjar | gulête ||

26. Santrinira sigra awangsul mengetanmêngetan. | praptane | nèng pêndhapa andulu kang samyambêksa | gambyonge ||

27. Datan ana bosênne ingkang ningali | bungahe | sêdayane tan ana lir Kulawirya | jogède ||

--- 9 : 39 ---

28. Kêplok surak huse bêdhil bêbrondongan | jêdhète | nginum arak aloke dèn suwak-suwak | crawake ||

29. Lingsir dalu wayahe kêpara bangun | dangune | pan kêdangon dènnira sami ambêksa | gambyonge ||

30. Ki Duljaya ewa myat mring Kulawirya | atine | nguntug-untug sasore mula agêthing | polahe ||

31. Ngling ing ati lèh kang jênêng konthol bêlang | angkuhe | kaya dêmang ngêdhangkrang kulambi abang | ladake ||

32. Wong nênêka mêrusul brundhul angunthul | lakune | dadak kudu rinêngga rinêngkuh bojo | anggêpe ||

33. Ki Duljaya panas ati muring-muring | nêpsune | golèk watu sakêpêl binalangake | anglimpe ||

34. Sêr kumaplok kêbênêran ingkang kêna | bathuke | Kenthol Kulawirya kagyat kênèng balang | jumbule ||

35. Walêr jamang kêbrabat pèsèk amèncèng | ancêpe | nyai randha anjêlih nêpsu mimisuh | dilojèh ||

36. Dadya kèndêl gamêlan ronggèng asuwuk | unine | berak-berak ni randha akon nggolèki | uwonge ||

37. Gumarubyuk ing kalangan lêng-ulêngan | gêgêregègère. | samya ngubrês kang wani-wani ambalang | tiyange ||

38. Nyai randha sru mojar marang Duljaya | ge-age | pijêr ana sira tan wêruh kang (m)balang | maune ||

39. Ki Duljaya pi-api abriga-brigi | gugupe | sapa wonge kang ladak agawe rusak | dilèngèng ||

40. Karuhana bae dak-pêdhang dak-bêdhil | wêtênge | ni randha glis umatur mring Kulawirya | wuwuse ||

41. Punapinggih mêdal rahipun kang kenging | balange | Kulawirya mojar tan dadi ngapa-a | rasane ||

42. Ukur-ukur kewala wus datan lara | sakiye | samya tata malih lilinggihanira | wong akèh ||

43. Kawistara bathuke Ki Kulawirya | bênjute | amênyongnyong sagêgêm bêrêm abiru | abuhe ||

--- 9 : 40 ---

44. Ingaturan Ki Wirya malêbèng wisma | ginandhèng | mring ni randha wus kèring Ki Kulawirya | undure ||

45. Mêdal malih ni randha apêparentah | sakèhe | kinèn nutugkên ing sêdalu-a pisan | banjure ||

46. Ting galêmbor matur inggih bungah-bungah | manahe | gya ni randha mring wisma arsa asmara | têmbunge ||

523. Asmaradana

1. Yata Ki Kulawiryèki | cucul dènnira busana | lawan ni randha tan pae | samya asalin busana | lir saban sarwa anyar | parabot sinimpênan wus | nèng pêthi giwang (n)jêro mah ||

2. Ki Kulawirya ngling aris | manira bibi pamitan | aran wus sami kalakon | kuwatir lamun dinukan | mring anakmas kang tuwa | kang kari nèng wismanipun | pêngulu ing Pakauman ||

3. Popoyan amung sawêngi | têmahan dadi rong dina | punika sampun (m)bêlèndhèng | pan dadya antèn-antènan | yèn karya saking driya | manira jrih ing sang bagus | Jèngrêsmi kang nèng Kauman ||

4. Randha mèsêm atur aris | inggih kang paduka pajarpojar. | de mêksih wontên tunggile | bok inggih pênêd ngaturan | mêriki ngong yun wikan | Ki Wirya ngling amêcucu | e biyang mangsa kêrsa-a ||

5. Mêndhita ambêge wingit | mundhak amuwuhi dosa | mring kula rayi sêdène | anom wus sun-anggêp tuwa | ni randha malih turnya | punika pan mêksih dalu | pênêd byar enjing kewala ||

6. Mangke kawula-aturi | pêsangon rimat ing marga | kalih-wêtaskalih-wêlas. reyal mawon | lan dhuwung sapêrantinya | busana sakêrsanta | kêling bathik lurikipun | pundi kinêrsan sumangga ||

7. Nanging atur-kula mugi | lamun wus prapta ing paran | wangsula kampiran malèh | sampun tan botên jwaywa. dora | angling Ki Kulawirya | kasaguhane abrubuk | supata dobol sa-ancak ||

8. Ni randha matur angungkih | wawi ta Kenthol sakêdhap | ngong nuwun tilaran kenthol | lami tan pulang-asmara | Ki Wirya mèsêm

--- 9 : 41 ---

(n)jola | dene wau sontên sampun | jare lawas tan mut-mutan ||

9. Pan durung longkang sawêngi | ni randha gumuyu turnya | sontên jêr sapriki dèrèng | gèdhèg mèsêm Kulawirya | ambakna tan kaopan | inggih mangke kula-jidhul | nanging ta kêrsa-manira ||

10. Nadare bibi nyangoni | mring manira rolas reyal | sungna sapêniki bae | bibi lêgane tyas-ingwang | panêdha kula arta | kang sadasa reyal wutuh | picise bolong rong reyal ||

11. Ni randha umatur inggih | nulya mundhut arta rolas | ingkang rong reyal bolonge | ngaturkên mring tamunira | arta gya tinampanan | kinèn ngundang rencangipun | Nuripin prapta ing wisma ||

12. Angling gawanên Nuripin | dhuwit rong reyal jaganya | tuku banyu nèng dalanne | Nuripin nampani arta | matur maring ni randha | (m)bok-ajêng kawula nyuwun | pêsangon kula piyambak ||

13. Iya ywa susah Nuripin | iki mung têlung puluh wang | tan duwe cêpakan manèh | ênya Ki Nuripin gêpah | nampèni artanira | inggih nuwun nyai nuwun | Nuripin wis kinèn mêdal ||

14. Ni randha atur jêjampi | kang bênjut gya pinarêman | o o bangêt mênyonyonge | ni randha ngungun wlas marma | sawusnya pinarêman | gupuh dènnya ngajak turu | Ki Wirya nurut kewala ||

15. Lajêng ulah pulang untir | mandhak tan mawi sinopak | tanak malak ing melike | pinolah sadhengah-dhengah | andêlajahi tingkah | ting karêsês kalihipun | golag-golig karêkuhan ||

16. Kèh banènne ting kalêsik | ngling bi paran kapenak ta | kadi punaraose |Kurang satu suku kata: kadi punapa raose. umatur inggih sakeca | raose tan kantênan | ting kalêlêr nyêr sakojur | lir gatêl kinukur anggang ||

17. Anggayêr kalihe sami | tan wus kang lagya tumpukan | yata kang samya anggambyong | sangsaya ramening kathah | katêmbèn ronggèng anyar | kèh kang wongsal-wangsul mantuk | mèt duwèk tomboking tandhak ||

18. Yata ana wong sawiji | bedhange lanjar Tarijah | wus sêmayan duk sorene | dhudha kêmbang ran Janawang | sanggupe (m)bok wulanjar | yèn wus nonton ngajak mantuk | inganti tan ana ngajak ||

19. Ingungak-ungak tan kèksi | dinuga mulih ni lanjar | nulya nusul mring ngomahe | wau ta kang anèng wisma | Jèngraga lan ni

--- 9 : 42 ---

lanjar | apênêd paturonipun | kang kêkobong ginêbêran ||

20. Kêkawal kasur gêng guling | bantal êncit bang ngulêsan | ni lanjar caos bobonyo | Jèngraga ngulungkên asta | kang kanan kinonyohan | astane satunggilipun | angudhar-udhar sêmêkan ||

21. Ni wulanjar analibi | rêjêngan lukar sinasab | mêg payudara pinêlot | malênthèt mênthêg ngêmanak | jinêmpol pinêlangkan | mundri tan pati mêndhukul | mêntêr kuning anyu-dênta ||

22. Kang pinidih gorèh linggih | puringisan kajuwêtan | ginarêgêd panguyêge | matur hês mangke mangke ta | asta lagi winida | punika mangke tan tutug | konyoh tan wradin sarira ||

23. Mèsêm ngandika Jèngragi | hêng sapuluh mêngkono-a | jro bêngkêrmu mêksih atos | kadya tan kambah ing tangan | asêdhêngan tur jênar | lir mundhon gadhing binubut | andêmênakakên manah ||

24. Umatur apasang liring | e mbakna angandika |§ Prayoginipun / ambakêka angandika /. botên tate kambah-kèmbèh | sajêg kawula dumilah | dèrèng nglampahi raras | lanjar pangantèn tan atut | kêlajêng pêgatan pêjah ||

25. Gumujêng Ki Jayèngragi | sasat sih bocah wêlaka | pan kinayuh lungayane | sinasmitèng pagalingan | kulinèng pakasutan | lêlêson jujur ing kasur | kasor ni lanjar kumêsar ||

26. Sarwi kinèn anêkêmi | ing dêdêlêg kang amêlag | kêngkêng dinuwatandinuwa tan. bèngkong | cinakêp satutup mangang | api wigih ni lanjar | batine mathêm ngatêplu | mring kang nglênggarang gêng panjang ||

27. Jèngraga anglingkap nyamping | anglela kang titih antar | ni lanjar mêjên karêpe | ingêmbat-êmbat tan mêmbat | myat kang lawung samoa | narêthêg mênthêkan ayun | bangêt pengine ni lanjar ||

28. Akukuh panyêkêlnèki | tan rênggang pangêmêngira | ngênêt-nêt bongkot pucuke | tan na sangkribe ni lanjar | saking sangêt tyas dahat | katêmbèn wruh gêng apêngkuh | birawa abrêngga rowa ||

29. Dèn-ukur lan lêngênnèki | gumuyu cès ilêrira | cipta ge ya tumamane |

--- 9 : 43 ---

panêkême sinungkêman | ingambung asengokan | cinêcêp mangang ingamut | -amut pucuke kewala ||

30. Ambathok thothoke ngêjring | kilong mêlêng-mêlêng kelang | lir paron parung guthok thèh§ Prayoginipun / guthok wèl /. | yèn ginêpuk ananggulang | wadal sêtangkêp pêcah | mara rolas rêmuk sumyur | atos wêwayang (m)bêngkayang ||

31. Jèngraga ngling jroning galih | mulat ni lanjar rêgêpnya | wong iki gèsèh sanggupe | jare tan kambah ing lanang | dene ku polahira | têka ninisani kayun | kaya wus lanjah alanyah ||

32. Mèsêm ngandika Jèngragi | apa ya gêdhe iku ta | ni lanjar gumuyu ture | punika lan lêngên kula | mêksih agêng kètênnya | panjang cangklak dugi sikut | gumujêng Ki Jayèngraga ||

33. Ni Lanjar nulya ginoling | -akên ing kasur tinimpah | linukar kêmbên sinjange | ngalela lir lêlantakan | gêgêmuking punton mas | ingigarkên pupunipun | sêg pinapan tinamama ||

34. Sêndhêt ragi mangang kêdhik | nanging mêrga wus kalênyan | pananduk nêd pandêdêle | makênêng blêng blês anjola | suku ro garonjalan | sinêrot lêrug mênjuluk | bêbantal kawale kontal ||

35. Jugrug ngalih ujurnèki | ni lanjar apulintiran | ah èh ah èh sêsambate | adhuh pêjah gus kawula | ingkang alon kewala | ês ês sampun sêru-sêru | tan kawawa mawalana ||

36. Wlakang ngongkong dèn-ganjêli | ing bantal kunthing satunggal | anglela ngêglèh pakolèh | wus rapèh juwèh ngêcapah | ing gêgêlur lar-luran | rêm-rêm liyêr lir wong ngantuk | angantak-antak kêpenak ||

37. Manjur warastra mangungkih | kèh rekane ing pratingkah | kang kinakahan tadhah bèh | malah molahakên awak | nglawèhi sasolahnya | sinêngkut ni lanjar baut | ngêkêti ngingkêt amadal ||

38. Ngêtimang panggêgêtnya mrih | misra rasaning§ Prayoginipun / rarasing /. asmara | nuju ajuning jon-ajon | jinajah nut ajonjitan | akêjêt jakêkêtan | Jèngraga karênaning hyun | ni lanjar anjurung kêrsa ||

--- 9 : 44 ---

39. Samya ulah mrih pakolih | kalihe akajênêkan | ingampêt wêdharing raos | nêlaskên tyas parisuka | sumalin tingkah runcah | tanpa cacah angrurucah | swaranya kèh banènneka ||

40. Tan wus nêlaskên kang kapti | bedhange lanjar Janawang | kang nusul prapta ngomahe | laju maring taritikan | lampahe adingkikan | prênahe paturonipun | nêthêk gêdhèg yun anggugah ||

41. Ngrungu swara ting kalêsik | antol ambèn agêrètan | lan banènne crak-crok kak-kok | Janawang kumêpyur nyana | yèn kalêbon wong lanang | prêmpêng atine lir (n)jêblug | panas muntap nguntar-untar ||

42. Pringutên tan wêdi mati | toh gêtih rêbut bênthètan | tan bêtah ngrungu swarane | sigra nêmpuh malbèng lawang | lawang tan kinancingan | gêradag ngêngakkên pintu | wruh kang lagya tutumpukan ||

43. Kêtanggungan nyêr-nyêr mijil | satêngahing rasa gatya | Janawang nêrajang age | nyandhak sukune Jèngraga | ginèrèt sru sinêndhal | uwal timpal kang aundhung | mêksih ngagêr tibèng jogan ||

44. Mak blêg anggronjal Jèngragi | tangi saking pangkosêban | bramantya sru pandhupake | kontal krèngkangan Janawang | kaot gêng Jayèngraga | Jênawang lajêng lumayu | tinututan tan kacandhak ||

45. Susumbar sarwi lumaris | mêtuwa yèn sira lanang | nututana padha ijèn | Jayèngraga tan saranta | binujung kang susumbar | nilap nalimpêt lumayu | Jayèngraga wangsul ing wisma ||§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / Jèngraga /.

46. Sangêt duka muring-muring | ni wulanjar binothokan | edan taun sundêl lanjèn | tan tutur duwe lodokan | (n)dadak agawe beka | prandene cangkême umuk | thok-ethok kênthang-kênthingan ||

47. (m)Bok aja ngaku kumêncing | têmah agawe prêkara | awèh satru si Di-gowok | mara bedhangmu kumpulna | kon ngayoni maring wang | kêna sibat nora patut | tan tutur duwe gaglagan ||

48. Ni lanjar ambrêbês-mili | binêndon mring Jayèngraga | matur jrih inggih kasupèn | saking manah tan kantênan | Jèngraga mêksih duka | kasupèn priye jawamu | dhasar wong edan-edanan ||

--- 9 : 45 ---

49. Rinasa mèsêm jro ati | kèngêtan lagya satêngah | durung tuntas gya linorod | blêge duk dhawah jêrambah | kang (ng)gèrèt wani-angas | ginuyu sariranipun | piyambak ing kêbatinan ||

50. Sinamun duka mawêngis | mara sira bêlaka-a | pira èmbèlmu kabèhe | matur jrih kumbi mung tiga | Jèngraga ewa mojar | dèh têlu ya têlung-puluh | sarwi ni lanjar dhinupak ||

51. Sigra mentar Jayèngragi | maksih garunêngan duka | tan kèngêtan kagungane | kulambi lan lopak-lopak | kantun datan binêkta | saking sangêt tyase rêngu | lajêng kewala mring sêndhang ||

52. Ni lanjar wruh lamun kèri | kulambi lopak-lopak mas | gumuyu iki bêgjèngong | ingambil binêkta lunga | singidan mring têtangga | yata kang lagya aundhung | ni randha lan Kulawirya ||

53. Kathah tingkahing auntir | cipta ge-ageya ludhang | anutug ing sakarêpe | tinut ing sapênjalukira |Lebih satu suku kata: tinut sapênjalukira atau tinut ing sapênjaluknya. miring (n)jêngking lumumah | amungkur mêngkrêng sidhêkus | ngagir ingkungan sinunggar ||

54. Pinangku (n)dhodhok alinggih | ngingkrang mênthang nganja-anja | anyongok linakokake | agantya tumpang-tinumpang | rêh-rinèhrèh-rinèh. ing pratingkah | gêmêt ulêt tan na kantun | tèk solah sadhengah-dhengah ||

55. Singsêt ni randha ngêkêpi | sru mênêtkên ing kodhokan | dhêdhêngkul amulêt jingklok | kempol dêlamakan nampar | pupu amanggang ayam | kang lanang ambalung kungsul | ula-ula ngulêr kilan ||

56. Sikute anyikil dhingklik | tangan pèk-èpèk kukupan | mêtêkên bun-êmbunane | dhadha amidak pinasang | wêtêng lampin dinoman | bobokong nyalang binandul | warastra rara anggêntang ||

57. Samya pakolihe kalih | sarêng kat-angkating rasa | samya kêsar-kumênyare | anggêgêt untu kêrotan | ginêlak panrêgira | anggatêr kadi pêlatuk | (ng)gêdêdêr pêpagutan ||Kurang satu suku kata: anggêdêdêr pêpagutan.

58. Èh èh êng dèngkèng ngênggêngi | ni randha ngrajêg anjola | pyuh ing rasa byat ambêngok | adhuh biyung lah e bilah | rasane nora lumrah | ngêsês ngêrot (ng)gêgêt untu | yung yung yung yung bilah enak ||

--- 9 : 46 ---

59. Ngêdên ngêrêng-êrêng sami | tungtas dènnya puh-pinuhan | aglimpang (ng)gledhag nglênggèke | lir lintah tinêmbakonan | asayah tan bisa bah | ni randha nulya alungguh | ningali mring Kulawirya ||

60. Mèsêm-mèsêm ngajak malih | wawi Thol sakêdhap êngkas | Ki Kulawirya amèwèk | gumregah lênggah anggrêsah | nêlangsa saurira | o niki mawon wus kêmput | akêtog punjèn brêsihan ||

61. Nèh sêpuntên kula bibi | wus tan kuwat anggulawat | ni randha angglêgês ture | lah bok mawi dipun sopak | Ki Wirya (m)bêkuh (n)jola | hêm ah biyang ngong yèn sampun | dèn-sopaka setan kowak ||

62. Myat widadari lir mêri | wong wus bêlas babar-pisan | sing dèn-jogake§ Prayoginipun / dèn-jokake /. napane | ni randha gumuyu suka | myat mring Ki Kulawirya | nityane kongsi anggêrus | lir wong tinagih tan ponya ||

63. Ki Kulawirya ngling aris | lah wus bibi ngong pamitan | kasêlak ing wêktu Suboh | ni randha matur sumangga | punapa kang kinêrsan | sasênêng paduka mundhut | sinjang klambi sabuk dhêsthar ||

64. Bathik lurik miwah kêling | nulya sinaos pênampan | pan sarwi alon ature | punika atur kawula | lamun parêng ing kêrsa | nyampinge kawula-suwun | jampi wulangun tinilar ||

65. Ki Kulawirya mèsêm ngling | lah inggih bibi sumangga | mung nyamping sabuk kemawon | kulambi kalawan dhêsthar | punika tan ngong-tilar | ngong rangkêp klambi têtêlu | yèn kasrêpên anèng dalan ||

66. Ni randha sumanggèng galih | Ki Wirya anulya dandan | wus samêkta pênggawane | lopak-lopake sêlaka | bênthèt§ Prayoginipun / bêntêt /. ingisèn masak | dinok kanthong sruwalipun | ngling lim dalêm bibi randha ||

67. Randha Sêmbada nginggihi | matur nèh tilari kula | nuwun sih andika Kenthol | ambung sasengog kewala | Ki Kulawirya latah | ni randha nulya ingambung | sengog-sengog ping slawe prah ||

--- 9 : 47 ---

68. Gantyambung-ambungan sami | ni randha ngêmês§ Prayoginipun / mrèngès /. aturnya | lah bok inggih malih Kenthol | gangsal blêsêgan kewala | wawi ta Thol sakêdhap | Ki Wirya nglênggak mêcucu | o sablêsêgananeya ||

69. Kang dèn-blêsêgên punapi | wong kari brênge kewala | kang mungkrêt wus ewuh (ng)gone | kobêre têmên angajak | pamit sigra umangkat | Ki Nuripin pamitan wus | kang kèri ngundang wong lanang ||

70. Têtêlu kinèn (n)jibusi | brat-brêt kapat Ki Duljaya | tan winuwus sasolahe | wau ta Ki Kulawirya | laju marang ing sêndhang | cucul busana nulya dus | sawusira dus jinabad ||

71. Dandan angrasuk kulambi | samya ngambil toya kadas | lan Nuripin salat Suboh | sawusira bakda salat | Ki Kulawirya nabda | anakmas apa ya kantun | lah balènana sadhela ||

72. Adhèhèm Ki Jayèngragi | Ki Kulawirya latah |Kurang satu suku kata: Ki Kulawirya alatah. dene kuwe anèng kono | (n)dadak ling-alingan gayam | payo padha rêmbugan | Jèngraga marani gupuh | tan pati lêgawèng manah ||

73. Kang paman wruh lèjêmnèki | ngling paran kang dadi nala | dene tan pati anggape | Jèngraga mèsêm ngandika | gêng alit kajantakan | yèn kalêrêsan têrtamtu | dados bayangan nèng marga ||

74. Kêtunggak ing alis lungit | rasukan lan lopak-lopak | kasêsa kantun kêsupèn | tinutur sêdayanira | wite têkèng pungkasan | kang paman langkung gêgêtun | kang putra mung ngagêm kotang ||

75. Mèsêm jro tyas ngandika ris | anêbut astagapirolah |Lebih satu suku kata: anêbut astagpirolah. tujune manira nganggo | kulambi rangkêp titiga | sarwi cucul rasukan | lah êndi kang sira pundhut | agêmên kono sumangga ||

76. Kang putra ngandika aris | jobahe paman piyambak | ingulungkên gya ingangge | sarya ngling mring santrinira | Nuripin balènana | Wirya ngling lah ya dèn-gupuh | jalukên bae ywa tanya ||

77. Nuripin sigra marani | prapta wismane ni lanjar | suwung lawang minêp bae | wangsul matur bêndaranya | yèn wulanjare minggat | kalihe samya angungun | ngling malih Ki Kulawirya ||

--- 9 : 48 ---

78. Hèh Pin lumakuwa aglis | marang Kauman sadhela | matura nakmas yèn ingong | nuwun maklum ing duduka | aturêna umangkat | ngong anti têpining ranu | ing sêndhang lir mas-kumambang ||

524. Maskumambang

1. Tur sandika sigra mentar Ki Nuripin | tan adangu prapta | nèng tajug Ki Jayèngrêsmi | lagya angimami salat ||

2. Jamallodin§ Prayoginipun / Jabalodin /. makmum lan santrinirèki | tan adangu bakda | pêragat salaman sami | Jayèngrêsmi duk tumingal ||

3. Ki Nuripin tinimbalan praptèng ngarsi | alon aturira | kawula ingutus dening | rinta paman jêngandika ||

4. Ingêntosan nèng sêndhang amurih enjing | yèn parêng paduka | ngaturan tumuntên ugi | Jayèngrêsmi wruh ing cipta ||

5. Ngandika lon ya wus sun-rêmbug Nuripin | aris dènnira jar | mring pêngulu Jamallodin§ Prayoginipun / Jabalodin /. | paman manira mit mentar ||

6. Nutugakên ing sêparan angulati | marang kadang tuwa | ing lampah mêruput enjing | ki pêngulu aturira ||

7. Lamun parêng bok mangke tarèncèng kêdhik | anganti bibinta | sêdhêng sampun ngrêratêngi | Jèngrêsmi nauri sabda ||

8. Inggih sampun paman sangêt trima-mami | aywa susah-susah | rêbat rikating lumaris | yèn siyang rêkasèng marga ||

9. Ki pêngulu andhêku sumanggèng kapti | nulya sêsalaman | wus paman manira pamit | andum rahayu kewala ||

10. Matur inggih andhèrèkakên basuki | wus samya pamitan | ki pêngulu angudhuni | umangkat maca sêlawat ||

11. Pan wus kèring ing lampah lawan Nuripin | sapraptaning sêndhang | wus panggih lawan kang rayi | mring paman asêsalaman ||

--- 9 : 49 ---

12. Jayèngraga amajêng ngujung ngabêkti | kang raka anabda | kalihe liring samya jrih | rumaos galat ing tingkah ||

13. Jayèngrêsmi pangandikanira aris | lah sêwawi paman | mêruput mupung sih ratri | ngangkah byar anèng ing marga ||

14. Gya umangkat ngawirya tri lawan santri | Nuripin tan têbah | nut margi agêng lumaris | mêngilèn lêrês lampahnya ||

15. Sirat mabang nêrancang ing pajar sidik | wana têratahantêrataban. | bubakan bangkan winalik | sami tinêgal ginaga ||

16. Pêdhut mabun rumput kasrampat ngêbêsi | Hyang Aruna (m)babar | silo bêlolokên dening | katampêg ing ampak-ampak ||

17. Angêtirah lir netra rapuh pinilis | kawêngan ing ima | malang alang-alang langkung | tan sirat soroting surya ||

18. Kang maruta midid narik tampêkani | pêdhut kang mangampak | mirut rapêt ing atis-tis | ngisis pênthèr Hyang Aruna ||

19. Anêlahi sèsining ngrat trang arêsmi | wuryaning bawana | katrapan ujwalèng rawi | kadya gring mulyèngusadan ||

20. Pahyas-hyasing langêning kanang murwani | walêr andrawêla | citra cawining asari | sarênti tang mêkar wigar ||

21. Orok-orok kalurak kalak kêlucik | kêtèpèng pulutan | lawatan sikatan busit | sosotan prabu-sètmata ||

22. Puspanyidra kacubung pêlasa sênting | panjrah ruwèng kisma | kamarutan têkang sami | ruru myang ron kêtawuran ||

23. Kêtêring puspita kasiliring angin | lir mukaning kênya | rêbut myat mring kang lumaris | pêksi gêntêr mawurahan ||

24. Kadya gêdrahing aningal angrasani | mring kang andon mawan | kae ngawirya kang siku | kasayom sêlayèng kêrsa ||

25. Kang ro kae kait karênanirèki | Jèngrêsmi kêbancang | bèncèng kabuncang tan cangcing | kêcancang cacading marga ||

26. Pêksi podhang acilu kadya maoni | ywa (n)darung kalunta | luhung wus wangsulèng ngriki | tuwas rêkasèng ing lampah ||

27. Kang pinurih ing sih tan bisa kêpanggih | mêngkana èsthanya | rarywan nèng sela Jèngrêsmi | angandika lwir sarkara ||

--- 9 : 50 ---

525. Dhandhanggula

1. Kadipundi paman kang prayogi | punapa lajêng napa wangsula | kang paman alon wuwuse | sumangga manira nut | laju wangsul ingong umiring | priye kono anakmas | rêmbuge jinujug | Jèngraga anor ing raka | jrih umatur Jayèngrêsmi angèsêmi | mring ari Jayèngraga ||

2. Kadingarèn sêndhêt sira yayi | paran wadine kusud netyanta | tan pati dhangan rêmbuge | kang rayi lon umatur | mring raka jrih lamun akumbi | dadya matur pêsaja | wit wêkasanipun | kang raka gumujêng nabda | dening gêntèn lan paman Kulawiryèki | anggondhèl kadhèdhèlan ||

3. Kadèkna kêt-ikêt kacêp alis | lir kêt-ikêtane Widiguna | bêksa Kêlana andhèglèg | kang paman sru gumuyu | kalingane angêmu wadi | Jayèngraga alatah | namur-namur (ng)guyu | Jèngraga ngling pagujêngan | paman tan jamak dudu-dudu saiki | anjênthar anjênthara ||

4. Untung mênthung andhuyung mring nyai | lir mancing nèng kêndhil olèh jambal | dhudha dhedhe olèh cindhe | angantuk nêmu kêthuk | lir lunga mlêng dipun-sangoni | nglêmbarah anèng paran | sobrah lurung-lurung | olèh nglêlarangi randha | randha rèndhè doyan bale angêmuli | mulya kang kinêrêkan ||

5. Anggalêgês Ki Kulawiryèki | Jayèngrêsmi mèsêm myat kang paman | lir wong nêgara prabote | Ki Jayèngraga muwus | mring kang paman angguguyoni | wontên pintên sadaya | sapêngaosipun | angling layake ya ana | ing pêngaji pitungpuluh para luwih | lyan sangu rolas reyal ||

6. Jayèngraga gumuyu sarya ngling | ingkang pundi alim-dika paman | kularsa uning dhuwunge | punapa dhapuripun | kang paman gya ngulungkên kêris | gupuh tinampan sigra | tinarik kang dhuwung | dhapur parung nagasasra | pan sêrasah ganja sanga langkung titih | dhuwung kinêmarogan ||

7. Kang putra ngling gèdhèg-gèdhèg mèksi | uwe bilah eram ngong tumingal | kêris kang mêngkene kiye | tuwa tangguh awutuh | pantês kagungane bupati | dhuwungipun kewala | pantês rêgi

--- 9 : 51 ---

satus | kêris dhe-gus tan kuciwa | kang raka ngling êndi ngong milu ningali | mubyar têmên srasahnya ||

8. Ingaturkên kang raka nampèni | angandika iya bênêr sira | berawa dhèmês wangune | odhol sèngoh lukipun | sarta kabênêran mêpêki | wêsi alus awaja | pamor putih ngrambut | rukmining naga tan rusak | ganja methok mêkar sabit luntar mathis | bêntêt traping patra mas ||

9. Dhasar pancèn arêga kris iki | yèn ta wus kalambunging awirya | pêngaji kèh patut bae | luwês sèdhêt asêmu | mênyang ngêndi tangguhe iki | kang paman ngling kêjaba | Supasaning Sêdayu |§ Prayoginipun / Supaning /. (ng)gih lêrês mangsa nimpanga | sinungakên gya sinarungakên aririh |Lebih satu suku kata: sinungakên gya sinarungkên aririh. Jèngraga ngliring nabda ||

10. Mudha taru têmên ya Nuripin | matur inggih paman jêngandika | kêlangkung dening aèjèt | samya sarêng gumuyu | Kulawirya ngawêd nudingi | sugih parikan anyar | moyok wong si Cêblung | calak sêmplak nora pacak | kathik mlêpês wuwuh èjèt mêngko iki | èjèt mono priye ta ||

11. Matur criyose bêbasan ngriki | èjèt mêkatên turene saras | sampeyan saras samangke | amubru sagêd bratu | angsal prabot pêpak sarwa di | kur kelangan lêgênyar | untung winalungsung | kris pêndhok timang reyalnya | mase tuwa pan rêgi sèkêt sêtail | bangkol mas wastra endah ||

12. Lêkas angsal pupulih nyugihi | gêntos niba lan putranta mangkya | kemase kang krangsèng-krangsèng | paduka ingkang unggul | mantun kêthur nyêngkèrèk ngusir | Jèngraga Kulawirya | samya sru gumuyu | wong ro anyawuri lêmah | kêpyur-kêpyur mingkar-mingkar Ki Nuripin | Jèngrêsmi mèsêm nabda ||

13. Gênti niba kêpriye Nuripin | matur sarwi gumuyu mêlapat | rinta kapidhara mangke | rêntah kagunganipun | pan kasisil marang dudungik | canthur mêndèr mangundar | -undar masang wuwu | nèng wuwungan angsal jambal | gumalêbog ri-dalêm malungsungi |§ Prayoginipun / rayi-dalêm /. têmahan anglêgêna ||

--- 9 : 52 ---

14. Ki Kulawirya latah sarya ngling | gajêg ngong tumon kang sira pajar | sing kêmala yuda kae | inggih kang lêcèn bêsus | mêsês lalêr mencok têkên cis | Ki Wirya saya latah | Jèngraga gumuyu | Nuripin rêrainira | ingidonan gêdubang prot lir sinungging | ingusapan rata bang ||

15. Samya ginujêng ngawirya katri | Jèngraga tumingal suka-suka | ywa ko(k)-ulapi karpèknèn | umatur (ng)guyu-(ng)guyu | kados topèng kang rai abrit | Jayèngrêsmi tyas lêjar | dening rèsmu rêngu | mèsêm alon angandika | talah inggih paman ing gêsang puniki | solah dadya sasmita ||

16. sasmitaning akerat ngèmpêri | awon pênêd lêrêse punika | sungut prêdapaning têmbe | tan têbih lèjêmipun | mila ingkang sampun linêwih | wirang yèn katitika | dhusthaning Hyang Agung | sadurung wus ka-adilan | Islam kapiripun kita pan puniki | sadrah tan wontên inang ||

17. Mila kêdah kita taki-taki | anèng donya wajib mrih kal tama | kêtêmua supayane | tuwah pituwasipun | ing ngagêsang lir wiji sêmi | kathah warnining wêka | wak-awaking besuk | gabug aos praptèng kerat | miwah awon pênêde ahlinirèki | ginêdhong§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / ginèndhong /. ing dêlahan ||

18. Kados mêkatên wirayatnèki | putrandika kangmas Sèh Mongraga | dènnya mêmulang sêsambèn | kang paman nor ing sêmu | iya talah wong wus kêdugi | sêkadare arasa | prayoga linampu | ngalap murading utama | ingkang putra Jayèngrêsmi ngandika ris | paman rumiyin pajar ||

19. Mitranipun rakanta jêng kyai | warti paduka tanah ing Liman | ing pundi mangke dhusune | kang paman lon amuwus | sruwa bae tan pati gati | jênênge tan kèlingan | mung desane emut | gajêge ing Lêmbuasta | lan ing Mêngkir rewange ngaji jêng kyai | ya duk mêksih nonoman ||

20. Ngong durung wruh ngêndi tanahnèki | kêjaba sinambi tanya-tanya | lamun katêmu desane | kang putra ngandika rum | wawi paman lajêng lumaris | ngidul ngilèn punika | mêrgine anggalur | ya payo sakêrsanira | lah wis mara sira dandana Nuripin | gawanmu [gawan...]

--- 9 : 53 ---

[...mu] gendhongana ||

21. Sigra Nuripin dandan sarya ngling | bilah dene dadi sagendhongan | lir wong arsa nopèng lènggèr | Ki Wirya ngling gumuyu | lah ya iku apa sirèki | wong wis nganggo tapuk bang | amèngèh rupamu | Ki Ripin ngêsud dubangnya | Jayèngraga angling lho aja Nuripin | bêcik raimu abang ||

22. Laju lampahe ngawirya katri | tumurun ngambah wana gêrotan | kêrakal watu padhase | kawuhan kleyang runtuh | kêpidak kumrepak ron aking | wor krisiking cêmara | kanginan kumrusuk | kadya suraking baris prang | nulya ngambah paganganpagagan. kawuryan asri | tan ana pinagêran ||

23. Têgal jêjanganan amêpêki | pala kapêndhêm kasimpar muwah | ingundhuhan mring kang duwe | angidul§ Prayoginipun / andhingkul /. (n)dhudhuk kimpul | miwah ngundhuh kara kêcipir | rare jalwèstri tuwa | bungah samya ngundhuh | ura-ura sisindhènan | ting dhêrukir kêpanasên kudhung jarik | wayah têngange surya ||

24. Anèng pinggir mêrgi kang (n)dhudhuk wi | Ki Nuripin alon atêtanya | sanak pundi niku ênggèh | kang tinanyan sumaur | inggih dhusun ing Tajug têbih | angling malih (ng)gih talah | têgal-dika niku | tan wontên kang pinagêran | myang kokorak sêsawe goprak tan mawi | sêlamêt datan rusak ||

25. Anauri lamun dèn-pagêri | nir tan kari salênjêr-lênjêra | tan uman dening gus gontèng | mangsa pijêra thukul | yèn amawi korak sêsawi | inggih mangsa umana | ing pêksi angêbyuk | sanès lan tanah ngareyan | pan wus tanjêkipun yèn kula ingriki | kêdah tan pinagêran ||

26. Ki Kulawirya ngling hèh Nuripin | ngilènana sak-ananing têgal | sadhengah karêpmu bae | Ki Nuripin agupuh | (m)borong talês uwi gêmbili | kara kêcipir kacang | jagung tela timun | tumbasan rêgi rong uwang | angsal pirang-pirang tumpuk dèn-undhungi | Ki Nuripin amlêngak ||

27. Dhêlêg-dhêlêg kêduwung sarya ngling | dene kèh têmên niku ki sanak | nauri pan wus rêgine | ngawirya katri ngantu | Kulawirya

--- 9 : 54 ---

mojar dèn-aglis | matur ah tiyang wêgah | kathah têmên niku | mangsi kwawiya ngong-(m)bêkta | lah sapa akon tutuku tan dudugi | ya gawanên sêdaya ||

28. Matur sintên tiyange kuwawi | wawi ta kalih sampeyan (m)bêkta | sêtun kabêkta sêpalèh | Kulawirya gumuyu | sakêlarmu bae Nuripin | sigra wus winêratan | nèng bagor pinanggul | ambreyot ragi ngrêsula | (ng)gendhong jarit ngêndhukur amangkul kandhi | gêdhe isi borongan ||

29. Ngrêngkuk urut mrêgi§ Prayoginipun / mêrgi /. pringas-pringis | ginaguyu ngling Ki Kulawirya | Nuripin wus blêg wong ètèr | kang ginuyu mêcucu | yata laju nampak wana writ | bondhot pêngalang-alang | myak gêlagah rayung | (n)jog lèpèn wêning toyanya | pinggir kali kang kidul munggul kaèksi | guwa anjru-dêmungan ||

526. Jurudêmung

1. Jayèngrêsmi Jayèngraga | katri Ki Kulawiryèku | raryan ing kali samya dus | katoran dènnya lampah |Kurang satu suku kata: katoran dènnya lumampah. wanci lingsir wêktu Luhur | samya yêm dènnira siram | rungsang kasêgêran ranu ||

2. Nuripin sèlèh gendhongan | ge-age ambyur ing ranu | silulup kajêglug watu | bathuke bênjut sakluwak | dèn-têkêm ngêsês marêngut | mênyonyong dèn-usap-usap | Ki Kulawirya amuwus ||

3. Nyêmoni wong si kêparat | dak-banggal pisan raimu | Nuripin matur malêruk | kabèh biyang ambakna duka |Lebih satu suku kata: kabèh biyang ambak duka. salang surupe angrawus | durung takon (n)dadak duka | tiyang bathuk kula bênjut ||

4. Silulup kêtanggor sela | puniki napa kang bênjut | durung-durung (n)dadak bêndu | Ki Kulawirya tumingal | Nuripin bathuke bênjut | Ki Wirya latah-alatah | Jayèngrêsmi gumuywandulu ||Lebih satu suku kata: Jèngrêsmi gumuywandulu.

5. Sasmitèng paman rinira | samya sukanirèng guyu | Nuripin kèpingkêlkêpingkêl. asru | Jèngrêsmi ngling yèku paran | Nuripin kang dera-guyu | matur pan inggih punika | bathuk tri tan wontên mulus ||

--- 9 : 55 ---

6. Kadya dèn-girik tinêngran | ting pênyonyong bathuk abuh | sami kêdhahar ing watu | punapa dhêmit ing paran | nêngêri tiyang lumaku | mung sêtunggil ingkang lêpat | tan kenging beya ing pintu ||

7. Jèngrêsmi gumujêng myarsa | Jèngraga Kulawiryèku | samya angapyuki banyu | Ki Nuripin gulagêpan | matur kapok biyung biyung | lumayu mêntas wuwuda | ginuyu sasolahipun ||

8. Ki Kulawirya ngling latah | hih bokonge minal-minul | mawa konthole lir waluh | kênthi tilas wadhah lênga | culêse nyuplêg angathur | kapit ing kêmpung konthol |Kurang satu suku kata: kaapit ing kêmpung konthol. mênthik cilik kaya susur ||

9. Binalang-balang tan kêna | Nuripin endha ambêkuh | biyang Thol leyan konthol gus | Ki Wirya ngling parat edan | madhakkên konthol si Cêmput | tan wun kang samya paguywan | nulya mêntas adus ||Kurang dua suku kata: nulya mêntas dènnya adus.

10. Dandan nyamping katrinira | samya ngambil toya wulu | tan kantun lan santrinipun | nulya minggah maring guwa | guwa Pêdhali asingup | pêlataran sri andong bang | puring noja sêmbon andul ||

11. Wali-kadhêp winong nangka | patra mênggala trikancu | kelor sawo pêlêm madu | kang wetan wrêksa gêng gurda | sulur wok nambi ngêrampung | natar-sik lir sinaponan | kang guwa ngêngrêng dinulu ||

12. Ngawirya tri gya tumama | ing guwa wingit malat kung | madalêm tidhêm makuwung | wiyar jrambah tan kêsrambah | lyan kang ngulati sêdya yun | winêtaran ing ngênggyanan§ Prayoginipun / ingênggyanan /. | mot santrinya kapra langkung ||

13. Wau kang sami tumama | laju salat wêktu Luhur | Jèngrêsmi ngimami ngayun | wus antara bakda salat | pêragat sunatira wus | laju ngidêri jro guwa | wontên pagrongan kêdulu ||

14. Ingkang mangetan wiwara | sumruwêng pêtêng alimut | wiwara malih kang kidul | asingêb mangêb limêngan | wontên malih kang kadulu | wetan wiwaraning guwa | ngêlangab kadya dêlanggung ||

15. Kêmput midêr têpung-gêlang | wiwara gêng agêngipun | ngalèr-ngilèn kêdhik ngayun | kêpara ngilèn keblatnya | wus mêngkana

--- 9 : 56 ---

samya lungguh | ngawirya tri myang santrinya | nèng pipi kilèning pintu ||

16. Jayèngrêsmi lon ngandika | guwa punika kêlangkung | rahmat raosing kalbu |Kurang satu suku kata: kèh rahmat raosing kalbu. kadya tan anèng ing guwa | lir pendah nèng wisma pangguh | lan rayat ayêm ing driya | kang paman nauri wuwus ||

17. Kasinggihan lèhira jar | wikan iki mawènipun | atêntrêm suka sumungku | katri samya ngalêmbana | Ki Kulawirya andulu | Nuripin sira ngagara | gêni anggodhoga kimpul ||

18. Agupuh ingkang liningan | karya dhingkêl urub-urub | ambênêm katela jagung | matêng sinaoskên ngarsa | linambaran roning sêmpu | Jèngraga Ki Kulawirya | nêdha bêbakaranipun ||

19. Jèngrêsmi tan pati kêrsa | amipil jagung kur-ukur | lagyantuk rong larik sampun | sinungkên mring santrinira | kang paman nyamik asêngkut | myang Nuripin athêkulan | Jèngraga tan pati antuk ||

20. Gêmbili kêdhik tan têlas | kang paman kêlangkung tuwuk | lajêng anggêloso turu | kuwarêgên sarta sayah | glis ngorok asênggur-sênggur | alèmèk sinjang sakêbar | bantal pêndhukuling watu ||

21. Nuripin wusnya mêmangan | ngaringkêl (ng)galinting turu | ngorok sêngguran sru |Kurang dua suku kata: ngorok sêsêngguran asru. Jèngraga gumuyu miyat | bilah lir tidhur lan tambur | Ripin lan man Kulawirya | dene ta ambarung umyung ||

22. Kang raka aris ngandika | ya kaya wis bunuhipun | wong warêg rosa tuturu§ Prayoginipun / aturu /. | kang rayi dhêku nor-raga | Jèngrêsmi malih amuwus | lah payo ninis mring jaba | gya sang ro wirangrong mêtu ||