Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

527. Wirangrong

1. Yata wau Jayèngrêsmi | wanci akir lingsir kulon | awal wêktu Ngasar bêntèr seyub | sêdhêng ngaring-aring | lan rayi Jayèngraga | ngangin-angin soring gurda ||

2. Jayèngrêsmi Jayèngraga | sanalika samya anon | wringin awoh nangka alit agung | kêtèwèl myang gori | babal madu kocingan | kang mêtêngmatêng. agêng-agêng kathah ||Lebih satu suku kata: kang matêng gêng-agêng kathah.

--- 9 : 57 ---

3. Jèngrêsmi gawok ningali | wringin woh nangka ting grendhol | sasmitèng Jèngraga wruh ing sêmu | mulat ing waringin | woh nangka gori babal | madu kucing matêng ngambar ||

4. Kang raka ngandika aris | paran purwane wringin woh | têka awoh nangka elok tuhu | priye wahnanèki | Jayèngraga nor-raga | inggih manawi sasmita ||

5. Jayèngrêsmi ngandika ris | apa ya kenakêna. dèn-undhoh | lah mara Jèngraga payo ngundhuh | kang matêng saiki | anulya samya ngalap | uwoh nangka kang nèng gurda ||

6. Kalihe samya angambil | gampil pinêthik kemawon | Jayèngraga sigra mundhut wêdhung | mring (ng)gonne Nuripin | samya mêksih anendra | wangsul sangandhaping gurda ||[periksa: urutan sekitar bait ini].

7. Pinêcok nangka jinuring | tanpa dami nyamplungan thok | akandêl sacêngkang mawa madu | barêsih akuning | Jèngrêsmi Jayèngraga | sukèng tyas kêlangkung kêrsa ||

8. Sinuwir cur madu warih | nyamplungan tan mawi bêton | anulya dhinahar manis arum | raose nglangkungi | kalihe kanikmatan | satunggil sewang atêlas ||

9. Tan kirang tuwuk (m)bukti |Kurang satu suku kata: Tan kirang tuwuk abukti. sêdhêng tan pae karo |Kurang satu suku kata: sêdhêng datan pae karo. kang raka ris nabda yèn sun durung | myat nangka kadyèki | tan mantun manisira | nikmat sumrah ing sarira ||

10. Anèh lan nangka sakèhing | lumrah nyamplung nganggo bêton | kiye nora nana bêtonipun | pa wus adatnèki | waringin awoh nangka | mung ing Pêdhali kewala ||

11. Kang rayi umatur aris | duka-dalêm mangsa-borong | amba tan gêdugya yêktosipun | adat lan botêning | pakèwêt graitamba | kang raka malih ngandika ||

12. Lah payo mring guwa malih | paman paran mêksih ngorok | gya wangsulèng praptèng ngayun |Kurang dua suku kata: sigra wangsul malih praptèng ngayun. nataran ningali | kelor sawo sêmboja | tri kancu patramênggala ||

13. Wali-kadhêp pêlêm manis | nangka sawit ambyut woh | sadaya woh nangka katrinipun | tan ana kang kari | Jèngrêsmi ya Jèngraga | samya angungun tumingal ||

--- 9 : 58 ---

14. Jèngrêsmi nyathêt ing galih | sèstu sasmitèng Hyang Manon | tyas lêjar sumringah sukur |Ku ta: tyas lêjar sumringah suka sukur. eloking pangèksi | gya minggah malbèng guwa | kang pamanira ginugah ||

15. Ki Kulawirya gya tangi | myang Nuripin gregah lunggoh | Jèngrêsmi ngling paman wawi wulu | ing wêktu mèh akir | nulya samya mring jurang | siram ing kali akadas ||

16. Wangsul mring jro guwa malih | Ki Kulawirya tan anon | kelokaning tingal kang andulu | mung kang putra kalih | Jèngrêsmi Jayèngraga | myat kitri samya woh nangka ||

17. Wus malêbèng guwa wingit | Ki Nuripin adan alon | sarêng dènnya sunat ngangkat pêrlu | Ngasar antarèki | bakda salir pêragat | akir surya mahacala ||§ Prayoginipun / mahancala /.

18. Tan adangu manjing Mahrib | Jèngraga adan tumlawong | Ki Wirya kang dadi imamipun | sabakdaning Mahrib | laju ing wêktu Ngisa | Jèngraga gantya dadi mam ||

19. Wus pêragat bakda witir | adhikir têpakur mansoh | samya kajênêkan dènnya kasud | sawuse kadyèki | Jèngrêsmi lon ngandika | Nuripin urub-uruba ||

20. Ingkang liningan agipih | dados gêni obor-obor | padhang jroning guwa sambènipun | ambênêm kimpul wi | jagung lawan kêtela | pan sarwi anggodhog wedang ||

21. Kênthi§ Prayoginipun / kêndhi /. sinapit ing êpring | kleyang kêmadhoh ginowok | bumbung kinêrêt ingot alus | kang minangka cangkir | Nuripin tyase rêna | arêngêng-rêngêng gurisa ||

528. GirisaTeks asli: Gurisa. Untuk konvensi Girisa biasanya guru lagu 'a', dengan jumlah wilangan 8 suku kata.

1. Sawusnya dènnya (m)bêbakar | sinaosakên ing ngarsa | linambaran ron war-awar | miwah wedang tanpa gula | cangkir bumbung sinisikan | Jèngrêsmi mèsêm ngandika | dene akal têmên sira | kêndhi sinapit minangka ||

--- 9 : 59 ---

2. Cèrèt cangkire bumbungan | ajange godhong wêwanan | arum mat nora kuciwa | yèn aja amèlu sira | arikuh samêrga-mêrga | kang paman aris wacana | ya ana kang dadi Sêmar | tan samar yèn katlihatan ||§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / katliahan /.

3. Ana kang dèn-dol nèng dalan | butuhan payu wolung wang | Nuripin anglirik mojar | (ng)gih (ng)gihipun pajêng pisan | nêmbêlas wang lan sampeyan | Ki Wirya ambêkus mulat | êndang munthuk si Kêparat | wani-wani mada mring wang ||

4. Nuripin mringis turira | inggih akados kewala | jêr mangke sampun prêkosa | debès jingkêngan anjanjras | Ki Kulawirya alatah | sarwi adhahar bênêman | kimpul lagya minambah ||Kurang satu suku kata: kimpul lagya minamahan. linêpèh kinarya (m)balang ||

5. Nuripin rêrainira | gêluprut kêna binalang | matane dening mamahan | angrajuk nêntak ah biyang | Kenthol sok amara-asta | sakêcandhake kewala | sadhengah dèn-(ng)go anglèmpar | kêmba yèn tan mara-tangan ||

6. Sami ginaguyu suka | Ki Kulawirya wuwusnya | cangkêmmu cok paribasan | gêndhêng anggarap maring wang | tambamu kowe rasakna | Nuripin dadya paguywan | Jayèngrêsmi lon ngandika | mring paman lan arinira ||

7. Sêsambèn samya rêrasan | paduka punika paman | tuwin sira Jayèngraga | sêdhênge ngalap mujadah | paedah pratingkah tama | ywa kalunta kalulun tyas | maksiyat têmahan siya | mring badan kita priyangga ||

8. Mênggah ngagêsang punika | wajib ka-budi iktiyar | milih nalar kang tan sasar | soring-asor wong tan swarga | liring swarga ku§ Prayoginipun / swargèku /. raharja | arjèng budi wruh wêkasan | wêkasaning kawaspadan | mawa mlampah ing ngagêsang ||

9. Won pênêd lêrês lan lêpat | kang winawas dalu siyang | pandomanira tabiyat | keblate manah punika | lêpat lêrês anèng keblat | tan wande tibèng tabiyat | tabiyat ingkang utama | kadhang tibèng tabyat nistha ||

--- 9 : 60 ---

10. Tabiyat ro wus pacangan | ing awon pênêde kita | tadhaning anèng tabiyat | pênarikan mring swarga |Kurang satu suku kata: pênarikan maring swarga. pênarikan maring nraka | tan wus pêsthi tibanira | ing salah sawijinira | tan kenging botên ngagêsang ||

11. Kêdah ngangkah-angkah keblat | mrih tiba tabiyat tama | mapan sampun winalêran | lan Jêng Nabi Rasulullah | sarengat lawan tarekat | kakekat lawan makripat | puniku keblat tabiyat | kang utama linampahan ||

12. Mupakat para pêndhita | ngluhurkên ngèlmu sarengat | linuri utamanira | mila putranta kakangmas | Sèh Mongraga kang wus keblat | tabiyat mring kaluhuran | mring ingkang tan kêgêlantang | wus man ing dunya akerat ||

13. Inggih ta mangsa wontêna | kang kadya putranta kangmas | susungut wahyu uliya | rèhning kita rumaos ngam | sapikantuk ngèmba-èmba | kang paman lan arinira | tumungkul samya norraga | wusana alon lingira ||

14. Ya talah sun-rasa-rasa | pratingkah kang nora layak | kêduwung kang wus kêlakyan | tan yun sêmênir-mênira | rong pêmbandhil dohing manah | bênêr têmên kangmasira | dènnya akarya wirayat | lah payo ngalih tênagan(?) ||

15. Bêcik padha salin ada | binuwang kang wus linakwan | Jèngraga mèsêm nor jiwa | Nuripin dhèhèm carita | sèbêt byar wau ta ingkang | lagya asalin dhadhakan | dhasar jadhug warnanira | karêngga dening busana ||

16. Na ing kono apa nyata | Ki Kulawirya anjola | ambêkuh brah parat edan | bandholên cangkême ngomyang | nyandhak wi gêmbili mêntah | Ki Nuripin binalangan | blag blêg lumayu alatah | samya ginuyu tingkahnya ||

17. Jèngrêsmi aris ngandika | inggih Nuripin punika | lothung sangêt anèng paran | nyarasakên lampah sayah | sinambi guyon tan susah | Ki Wirya kadho ambalang | nauri ngling mring kang putra | pèkne mêngkonone iya ||

--- 9 : 61 ---

18. Ing wanci wus sirêp janma | amapan dènnya lênggahan | samya dhikir rêratiban | karahab tuwajuh ing tyas | antara dhikir salêksa | dènnira ngonjot kalimah | kongsi lingsir dalu dahat | tyas samya kadya ginirah ||

19. Sawusira rêratiban | kèndêl tan ana rêrasan | Ki Kulawirya anendra | Nuripin sasore mula | turu ngorok sasênggoran | Jèngrêsmi lan Jayèngraga | samya tan pikantuk nendra | mêksih anjungkung wiridan ||

20. Nutug dènnya suhul ing Hyang | wayahing pajar gidiban | luwaran dènnira bengat | kang raka alon ngandika | wungunên man Kulawirya | wus sêdhênge wêktu salat | Subuh utama kang awal | kang paman lan santrinira ||

21. Samya tangi ting garegah | angling lah suwawi paman | mring kali samya akadas | gya tumurun ing jujurang | wus ngambil toyastutinya | samya minggah maring guwa | nulya adan lajêng sunat | Jèngrêsmi kang dadya imam ||

22. Sawusnya pêrlu pêragat | Jayèngrêsmi Jayèngraga | samya trap dhikir salsilah | sinêntorkên wiridira | praptèng byar enjing Hyang Surya | pênthèr rumangsang denniradènnira. | bakda dhikir kang wiridan | luwar panjuming kanthenan ||

529. Kinanthi

1. Ki Jayèngrêsmi asêgu | mring paman ngandika aris | kadipundi ingkang kêrsa | ing rêmbag paduka mangkin | punapa inggih lajênga | tuwin wangsula ingriki ||

2. Kang paman nauri wuwus | mangsa-bodhoa sirèki | manira anut kewala | paran sakêrsanirèki | lah priye kono anakmas | Ki Jayèngraga turnya ris ||

3. Inggih sumangga ingriku | yèn mênggah kula pribadi | anjawi kêrsanta kangmas | prayogi ingkang dumugi | ngupaya ngiras tirakat | pikantuk kalih prakawis ||

--- 9 : 62 ---

4. Kang raka aris amuwus | abênêr yayi Jèngragi | satutuging paran iya | manawa antuk pawarti | pandhita myang ajar-ajar | jêjanggan lawan wêwasi ||

5. Wau ta sêdangunipun | nèng jroning guwa Pêdhali | pirêmbag dènnira mentar | yata wontên janma prapti | satêngah kapara tuwa | mêndhita lantaran êcis ||

6. Mara sarwi mundhuk-mundhuk | momori dènnira linggih | pinapan samya ngingsêran | sêsalaman gênti-gênti | Jèngrêsmi alon ngandika | punêndi paman ing wingking ||

7. Sintên ingkang sinambat ing hyun |Lebih satu suku kata: sintên kang sinambat ing hyun. umatur kang sinungan ling | ing Tajug pawisman amba | dhukuh sanginggiling dhingkil | kang sudi mastani aran | pun Sinduraga ran-mami ||

8. Wangsul kang para binagus | paran kang sinêdyèng kapti | ing pundi sêsanèng wuntat | lan ingkang sinambat wangi | Jèngrêsmi nauri sabda | manirèki samya santri ||

9. Dene sêsanèngong pungkur | wêngkon tanah Kabulêngkir | anglampahi kawlasarsa | ngupaya kadang tuwa nis | ran Jèngrêsmi Jayèngraga | katri Ki Kulawiryèki ||

10. Ki Sinduraga andulu | rêsêp ing awirya katri | Jèngrêsmi aris ngandika | punapi wontên kang gati | paman panggih lan manira | Ki Sinduraga turnya ris ||

11. Mila kawula agupuh | tuwi mring guwa Pêdhali | wingi wanci surup surya | kawula ningali pêksi | sêkawan asêsambêran | pan sampun adatirèki ||

12. Wus dados pratandhanipun | yèn wontên tiyang nênêpi | anèng ing Pêdhali guwa | yèn kathah-kathah kang paksi | yèn kêdhik ingkang tirakat | pêksi mring Pêdhali kêdhik ||

13. Yèn sêpên pan inggih samun | tan wontên pêksi satunggil | tyas kawula kêdah dhangan | enjing punika mariki | kêlamun parêng ing kêrsa | paduka kawula turi ||

14. Pinarak ing dhusun Tajug | rèrèh wismamba prayogi | nadyan wangsul marang guwa | ing mangke inggih utami | ngawirya parêng ing karsa | mring dhusun Tajug miranti ||

--- 9 : 63 ---

15. Mangkana samya atêmu | saking ing guwa Pêdhali | Sinduraga anèng ngarsa | nuduhkên marginirèki | nabrang kali nètèr jurang | ngampat pèpèrènging kali ||

16. Tan adangu lampahipun | nampak têrataban kêdhik | praptèng Tajug punthuk arga | Sinduraga glis nudingi | mring rabi nak-putunira | kinèn ngrukti suguhnèki ||

17. Ngaturan lajêng mring salu | mêngkana tata alinggih | kapang nèng bale-watangan | Ki Sinduraga anuding | anak karoro wanodya | prawan wêlanjar sawiji ||

18. Sêmune mêsês abêsus | kang prawan mêpêg birai | dhasar karone sêmbada | katêngên rupane rêsik | lanjar wastane Wasita | kang rara aran Warsiti ||

19. (n)Dha-usuk nom tuwanipun | kang dèrèng wruh tan kêtawis | katon pêrawan kalihnya | busana sinjang sarwa-di | tasik wida lêlamatan | gêlung sinêkar ganda mrik ||

20. Kang tuwa kêkêmbên pêlung | sinjang jambe copot mori | ni Warsiti kêmbên jingga | tapih anyar tambal miring | samya naoskên pawohan | mring tamu amêgat liring ||

530. Mêgatruh

1. Ni Wasita tapsirih kuningan sampun | sinaoskên Jayèngrêsmi | mundur gya Warsiti maju | tapsirih mring Jayèngragi | dènnya ngajokkên kesêron ||kêsêron.

2. Kumarompyang tapsirih ambênthuk dhêngkul | dhêngkule Ki Jayèngragi | maksih babak duk rinawud | tanggor lingiring tapsirih | sakit dhêngkule kêraos ||

3. Kagyat ngêsês samya mêsêmmèsêm. kalihipun | kawistarèng ing alinggih | sinamun pasêmonipun | ni rara mundur glis-aglis | pêlayune srèmpang srèmpong ||

4. Ni Warsiti ginuyu mring bakyunipun | jorogan angisin-isin | ni rara angling gumuyu | lèhku anyuguh tapsirih | ambênthuk dhêngkuling [dhêng...]

--- 9 : 64 ---

[...kuling] dhayoh ||

5. Patute bae rada lara anjumbul | mak pyur tyasku wêdi isin | mandêng mring ngong sun gya mundur | têrataban ati-mami | samya cêthotan gêguyon ||

6. Apan pacok-pinacokkên mring têtamu | ya patut sira Warsiti | kae bojomu angrangkung | ingong kang ora (n)duwèni | ni rara mèncêp malerok ||

7. Ih sa-ugèk akèwês têmên ujarmu | kae bojomu kang sigid | patut padha antêngipun | ni Wasita gumuywa ngling | sijine kae kang jagong ||

8. Kang (n)duwèni bojo pantêse sirèku | Warsiti ngoso dènnya ngling | lah (m)bok kowe dhewe patut | olèh wong tuwa kêmaki | wangunane rada bancol ||

9. Ingaruhan kang guyon mring biyangipun | (m)bok aja pating guligik | kadulu ing dhayoh saru | jamak kang antêng abêcik | malah padha nganggo-anggo ||

10. Mêngko lamun manèh ngladèni mring ngayun | kang rada mriyayi thithik | ywa kaya anaking jagul | bapamu dèn-kyai-kyai | mring wong pirang-pirang dhukoh ||

11. Kang sinêndhu samya jrih mring biyangipun | nulya ngadi-adi warni | awake pinatut-patut | anggêmpung waja kinêsik | karone salin panganggo ||

12. Ni Wasita asinjang rambutan wungu | kêkêmbên pêlangi wilis | pupur tipis tan rinêmbung | awiwida buratsari | pantês agêlung kêkêndhon ||

13. Ni Warsiti sinjang kêling tuluh-watu | tinêlpok Banyumas kuning | rininggit tutumpalipun | akêmbên jingga tinêpi | agêlung sinêkar methok ||

14. Wida jênar tipis gêbêgan arêmu | pupur rinêmbug arêsik | biyange mèsêm andulu | marang anake kêkalih | ngling ya jamake mêngkono ||

15. Ana dhayuh ingkang prayogi dinulu | sêmune padha priyayi |

--- 9 : 65 ---

ati-atinên mangayun | mantrap-silamu§ Prayoginipun / patrap-silamu /. bêcik |Kurang satu suku kata: patrap-silamu abêcik. ywa sira sêmbrana karo ||

16. SutarniraSutanira. manut pituturing biyung | yata kang sami alinggih | anèng ing pêndhapanipun | sami rênaning apanggih | Ki Sinduraga anudoh ||

17. Kinèn mêdalakên pasugatanipun | sigra nyaine angirid | sutanya kakalih samya yu |Lebih satu suku kata: sutanya kalih samya yu. miwah rencange pawèstri | rampadan bucu sumaos ||

18. Anèng ngarsa wus tinata piringipun | Wasita lawan Warsiti | tumiyung gulune manglung | anjongkok siduwa siji | susune sasisih pèthot ||

19. Amênjutu kêduwèng siduwanipun | poke wonga-wonga pipit | dadya siji sewang (ng)gandhul | Jèngraga Kulawiryèki | mandêng tan liyan jinênthot ||

20. Mung brêngkêring kang mintêr§ Prayoginipun / mèntèr /. samya dinulu | lir woh binarongsong kengis | Ripin wruh paraning dulu | ngampêt watuk kêpêntut thit | ngawirya ro kagyat mengo ||

21. Sru gumuyu Kulawirya ngling hus buntung | Nuripin anggigil mijil | mêksih kêpêntut (n)dharudhut | sadaya (ng)guguyu sami | Wasita Warsiti anon ||

22. Kacêmutan karone angampêt guyu | wusnya dènnira ngladèni | samya (ng)guyu jroning kalbu | mundur glis pating kulikik | kapucungan ing dhêdhayoh ||

531. PocungTeks asli: Pucung.

1. Alon matur Ki Sinduraga mring tamu | sumangga punika | kawula turi wêwanting | maklum dalêm nênaosi sumapala ||

2. Samya gupuh pra tamu samya tuturuh | (n)dan lêkas anadhah | pikantuk dènnira bukti | wus antara dangu luwar wiwijikan ||

--- 9 : 66 ---

3. Gya mangayun kang angladèni angundur | cinarik mangandhap | tinimbalan Ki Nuripin | praptèng ngarsa samêkta kinèn anadhah ||

4. Langkung tuwuk matêngkuk muluk athêkul | kinèhan tan kirang | ajange tipis kalimis | Kulawirya gumuyu sasêmon ujar ||

5. Bisa ngukur lèmpèr panjang piring lurung | lir bathuk pêngantyan | barêsih amincih-mincih | andêlêna yèn mênang kêlawan ajang ||

6. Kang ginuyu nak-enak angob ak-èk-uk | gumoh ingêlêdan | cukil untu sêbal-sêbil | ingkang têbèngtibèng. ing lêmah malih pinamah ||

7. Grundêl muwus nora kêna mangan tuwuk | ingurah-urahan | sarta srêngên mêmoyoki | milu-miluwa dhèwèke wong bêndara ||

8. Maring batur tan nglumuhi balung usus | Ki Wirya tumingal | gumuyu anon Nuripin | ih ih bilah Ripin angkuhe lir dêmang ||

9. Munyung-munyung marang wong nora angingus | yèn wis mamah-mamah | warêg wadhuke malênthi | kaya kundhi kêlarisan adol grabah ||

10. Lo dang bêrung nora andêlok maring sun | Ki Nuripin obah | mèsêm nolih mring Ki Ragil | mak kêcêmut Ki Kulawirya alatah ||

11. Oh si Cêmput kur obah janggude iku | lir wong kêsurupan | mêngko ngong-sêmbur ing kêndhi | Ki Nuripin kumrengkang mêdal ing jaba ||

12. Pan ginuyu marang kang samya alungguh | Ki Sinduraga gya | ngatak marang kang ngladèni | kinèn mêdalakên nyamikan dhadharan ||

13. Anakipun karo pangirid ing ngayun | tinata ing ngarsa | tompa§ Prayoginipun / tampo /. brêm anyaran manis | têtêl antêp kêtan uran lawan kilang ||

14. Pisang gabu nangka wi gêmbili kimpul | gêdhang raja-tawa | gula rèn lêgèn sumaji | sabun putih bêrondong sêle kêtela ||

15. Alon mundur Wasita Warsiti runtung | solahe kinarya | samya brangti mring têtami | Sinduraga anyarakkên pasugata ||

--- 9 : 67 ---

16. Lah punika mêmangsêg sawontênipun | nanging sumapala | namung sarating kêlantih | kang cinaran ngling inggih ngangkah punapa ||

17. Samya mundhut nyamikan sasênêngipun | aroyom karênan | Jayèngrêsmi ngandika ris | minggah guwa Pêdhali puniku paman ||

18. Sajronipun wontên malih guwa têlu | kang wetan satunggal | kidul myang kilèn sawiji | langkung nyurêng sumingêb pêtêng tiningal ||

19. Alon matur inggih kang ngalor puniku | kang ngidul lajêngnya | trus ing guwa Bayang-kaki§ Prayoginipun / Bajangkaki /. | ingkang wetan trus guwardi Padhangeyan ||

20. Kang ngilèn trus guwa ardi Wijil nêngguh | tanah ing Pepedan | yèn wontên ingkang nglampahi | têmtu inggih ing ngriku têrusanira ||

21. Pan puniku dadya ing pangungsènipun | yèn wontên pêrkara | gègèr wong kutha angili | mring Pêdhali sapintên kamot kewala ||

22. Pandugèngsun dumugi sêlaminipun | ing Pêdhali guwa | mupangat guwa Pêdhali | samya rêsêp sang anom myarsa kandhanya ||

532. Sinom

1. Jayèngrêsmi lon ngandika | paman ngong têtanya malih | punapa wus adatira | guwa Pêdhali puniki | waringin woh gori |Kurang satu suku kata: waringin uwoh gori. babal madu kucing arum | manira ngalap nangka | lan Jèngraga angsal niji | ingong bubak nangka kandêle sacêngkang ||

2. Barêsih kêsêd ajênar | tanpa bêton tanpa dami | pipit nyamplungan kewala | kumocor madu sinuwir | raose langkung manis | tan mantug atuntung arum | têlas sawiji sowang | manira lan Jayèngragi | gawok mulat waringin têka woh nangka ||

--- 9 : 68 ---

3. Datan ngêmungakên gurda | dalah sarupaning kitri | pan sadaya awoh nangka | sêdene kang nangka yêkti | Sinduraga turnya ris | kêlangkung prayoginipun | punika pan idayat | sakadaripun dumugi | pan wus adatipun ing Pêdhali guwa ||

4. Jayèngrêsmi Jayèngraga | lêjar tyasira jinarwi | marang Kae Sinduraga | Jèngraga têtanya aris | pundi kang dèn-wastani | dhusun ing Wêngkêr puniku | kang liningan turira | inggih ing Kêdhaton lami | sapunika karan Katongan kewala ||

5. Mangkya dadya pamakaman | pêsareyanipun gusti | Bathara Katong minulya | gotèkipun duk ing nguni | jaman Dipati Panji | Pranaraga puranipun | pura Wêngkêr namanya | pangayaping para putri | yèn wus maring Wêngkêr mantuk sowang-sowang ||

6. Tumêkèng alama-lama | [...] |Kurang satu baris: 8i. pura Wêngkêr ing Pranaraga |Lebih satu suku kata: pura Wêngkêr Pranaraga. ing Pawêngkêr adipati | tan wontên kang nêlani | dipati sêlajêngipun | dipati Wêngkêr pura | tumuntên wontên kang judhi | inggih Gusti Bêthara Katong ambêdhah ||

7. Pinopor prêp pinrêsing prang | dipati Wêngkêr pinatin | putri Wêngkêr binarêkan | Bêthara Katong mandhiri | misèsêng Pranaragi | punggawandêl wus sumuyut | puniku icalira | namaning pura Wêngkêr wit | saking gusti Bêthara Katong punika ||

8. Pan aran pura Katongan | ing alami gusti lalis | sinêkar sajroning pura | dadya astana miwiti | putra wayahirèki | gumantya kamuktyanipun | Jayèngrêsmi ngandika | Bêthara Katong puniki | saking pundi kawijilane waunya ||

9. Ki Sinduraga turira | Bêthara sêjarahnèki | saking nêgari Bintara | warti putrane sang aji | dhukuh nèng lèpèn Tangi | ing Katong wastaning dhusun | kawit alit binucal | mring sultan nèng lèpèn Tangi | inggih asring Bêthara mring Pranaraga ||

10. Mimitra mring Kyagêng Mirah | Ki Agêng Mirah puniki | kang miwiti gama Islam | santrinipun misih kêdhik | Bêthara Katong kait | lan Kyagêng Mirah ing dangu | arsa angrisak kitha | nalini agamanèki | Pranaraga mêksih gama Buda kawak ||

11. Wus piadrêng kêrsanira | Kyagêng Mirah anjurungi | katrimu pêndonganira | bêdhahipun Pranaragi | kados wau puniki | mêkatên

--- 9 : 69 ---

gogotèkipun | Ki Kulawirya lingnya | mêngkono jawane iki | lah kêpriye kêpatèn lacaking warta ||

12. Kang putra kêkalih nabda | pan inggih botên kêpanggih | Sinduraga aturira | punapa kang sinamya ngling | Ki Wirya anauri | e bab ngupaya kêkaruh | karuhipun kang rama | ngawirya kalih puniki | inggih kakang kula kang sêpuh piyambak ||

13. Jêng Kyai Bayi Panurta | guru gêng tan ana nyami | madhêkah ing Wanamarta | minardikakakên dening | Wirasaba dipati | masuk guru amumunjung | sapadhukuhanira | minuktèkkên ing jêng kyai | datan kêna sêkêdhik karyaning praja ||

14. Ginuron para ngulama | miwah bupati pêsisir | langkung gêng mamulanira | kang samya angalap janji | priyayi myang wong sugih | cêlak têbih samya mriku | kang wau angandika | maring ngong lan putra kalih | awêwarti Jêng Kyai Bayi Panurta ||

15. Anutur duk mêksih jaka | kalane ngêlaya ngaji | pinajar kèh mitranira | kang sami saeka-kapti | jêng kyai duk ing nguni | Mas Arundaya rannipun | gadhah mitra satunggal | ing Wêngkêr sangêt wong kapti | nanging kula kêsupèn lêng namanira ||

16. Lan malih ing Lêmbuasta | samya kêsupèn rannèki | mêngkana Ki Sinduraga | gêgêtun èngêt ing galih | dènnira tutur mawi | Mas Arundaya puniku | Sinduraga lon mojar | inggih kalingane ugi | Mas Rundaya wasta Ki Bayu Panurta ||

17. Kadya wus kêrsaning Allah | sêsambungane pinanggih | kawula botên nyupêna | paduka pajar puniki | tamiyan kang siniwi | wong tan nyana yèn sang bagus | putrane Mas Rundaya | kongsi gêng prapta mêriki | inggih kula mitrane Mas Arundaya ||

18. Agupuh pangrangkulira | anggrathul wuwusira sih | katongton rumakêtira | gapyuk-gapyak dènnira ngling | datan nyana sayêkti | adhuh mas sutèngsun bagus | putrane Kang Rundaya | dene padha sigid-sigid | wiratama susila anitikrama ||

19. Tata dènnira lênggahan | pêpajar Ki Sinduragi | duk maksih sami jêjaka | kang sami saeka-kapti | lawan ramanta nguni | èngêt-kawula ing dangu | kasanga rama-ndika | kasupèn ingkang kêkalih | èngêt julakula. Carik-Sutra Carik-mudha ||

--- 9 : 70 ---

20. Lan pun Kidangwiracapa | Wargasastra Arsèng-budi | kawula ran Malarsipta | kang tansah sapurug tunggil | kang Rundaya rumiyin | gadhah santri ran pun Bawuk | angêsèd yèn dinuta | ing mangke punapa têksih | ngawirya tri asuka gambuh ing driya ||

533. Gambuh

1. Sarêng dènnya gumuyu | Ki Kulawirya latah amuwus | jêbulane kang pêngulu BasarrodinBasarodin. | kang putra samya gumuyu | wuwuh tyasira cumêplong ||

2. Ngawirya katrinipun | sêkala samya pênganggêpipun | asrêping tyas lir dhatêng (n)Jêng Kyai Bayi | mring Ki Sinduraga ing hyun | ambapa-bapa sayêktos ||

3. Ki Kulawirya muwus | botên nyana kêlamun kang Sindu | yêkti mitranipun kakang (n)Jêng Kiyai | acêtha mawi pun Bawuk | inggih mêksih ambêgogok ||

4. Mangke dados pêngulu | mêngkoni sakèh ngibadahipun | dhusun kang kêbawah rakanta (n)Jêng Kyai | pan inggih sêwawratipun | cukup tan susah rinaos ||

5. Kinulit-daging tuhu | tan beda lan sêdhêrêksêdhèrèk. sêdarum | sinung aran pun pêngulu Basarodin | èngêt (ng)gyannipun pitutur | (n)Jêng Kyai tan wontên sèyos ||

6. Malarsipta sang Sindu | êngêtèngêt. mèmpêr Malarsih bok-ayu | ibunipun puniki anak mas kalih | Sinduraga manthuk-manthuk | karênan myat ing dhêdhayoh ||

7. Ki Wirya malih muwus | ing Lêmbuasta sintên kang Sindu | namanipun lan dhusunipun ing pundi | ngling inggih pnika wau |Kurang satu suku kata: ngling inggih punika wau. Kidangwiracapa kang wong ||

8. Akêndêl ing pakewuh | ing prakara tinuduh glis rampung | ingkang dadya wat-wate sakèhing santri | mung Kidangwiracapèku | priyangga ingkang pitados ||

9. Nglêmbuasta puniku | tanah ing Kalangbrèt dhusunipun | Jayèngrêsmi anambung wuwusira ris | Ki Wargasastra puniku | ing pundi sananing dhukoh ||

--- 9 : 71 ---

10. Ki Sinduraga matur | inggih tunggil sami ngrikinipun | tiyang Wêngkêr ingkang adhepok nèng ardi | Padhangeyan pucakipun | sing ngriki tan pati adoh ||

11. Ing mangke namanipun | pan anama Ke Sèk Sidalaku | ginuron mring Pangeran Rangga Pranaragi |Lebih satu suku kata: ginuron mring Pangran Rangga Pranaragi. bab sastra prama-kawèku | kasujanan kang kinaot ||

12. Kalêrêsan ing kalbu | lulungiding trus sujana nung |Kurang satu suku kata: lulungiding trus sujana anung. pratisthaning sastra bijaksanèng budi | sudibya prawirèng wuwus | wasis rampunging wiraos ||

13. Langkung kulinanipun | Pangeran Rangga sasêntananipun |Lebih satu suku kata: Pangran Rangga sasêntananipun. ingkang samya mêmasah ing prama-kawit | kawi rêjaning sastra gung | kasusilan utamèng don ||

14. Jayèngrêsmi kayungyun | myang kang rayi Jayèngraga nêngguh | langkung rêsêp pitutur tumulya angling | yèn parêng samya mêriku | mring Padhangeyan patêmon ||

15. Paman untapna laku | Ki Sinduraga mèsêm umatur | inggih sêlotipun pênêd benjing-enjing | sarèh nèng ngriki sêdalu | dèrèng marêm tyas-ngong anon ||

16. Samya rèrèh ing kalbu | sinambi dhêdharan anèng ngayun | wus siyang Hyang Surya lingsir wancinèki | pan amanjing wêktu Luhur | Ki Sinduraga nabda lon ||

17. Suwawi samya wêktu | maring mêsjid sêdhêng salat Luhur | tan antara sadaya prapta ing mêsjid | sarêng ngambil toya wulu | Nuripin gya adan gupoh ||

18. Samya sunat sêdarum | wusnya sunat kamat ngangkat parlu | Sinduraga nyarakkên akèn ngimami | ngawirya samya tan purun | Sinduraga majêng gupoh ||

19. Angimami ing ngayun | wus antara bakda salatipun | pragat pupujiyan dhikir donganèki | sêsalamènsêsalaman. sunat rampung | kasmaran nèng masjid manggon ||

--- 9 : 72 ---

534. Asmaradana

1. Eca dènnira alinggih | nèng masjid pucaking arga | isis awangwang wangune | Jayèngrêsmi angandika | (ng)gih paman Sinduraga | sintên kang yasa duk wau | mêsjid ing Tajug punika ||

2. Acèkli nèng pucak wukir | wukir pupunthuk sêdhêngan | kang wisma nèng gunung kabèh | wêwah pênêda ngadesa | Ki Sinduraga turnya | kang karya tilas ing Tajug | (ng)gih Kyagêng Tajug kang yasa ||

3. Ngulama saking trah Giri | nèng ngriki lajêng pruwita | nging Kyagêng tan darbe tuwoh | musabat kang kulawarga | pinitaya rèh makam | inggih luwure wong Tajug | atangkar dadya sadesa ||

4. Kula puniki nèng ngriki | inggih mambêt brayat kadang | katut wong tuwa kêtêmpoh | kula kang tinuwa-tuwa | kang wontên marsudia | angalap raosing ngilmu | srengat tarekat kakekat ||

5. Makripat walhu-alami | kadhang Jêng Pangeran Rangga | asring tinimbalan ingong | sihipun rahab ambapa | andangu babing kitab | Pangran Rangga tyas linuhung | ngèlmu Jawa-Rab ginulang ||

6. Priyayi gêng langkung lantip | graitaning kaluhuran | asih mring pêkir miskine | mardikakakên ngulama | nêtêpakên ngibadah | kurmat ing agama Rasul | mrih tangkar ngèlmi sarengat ||

7. Jayèngrêsmi ngandika ris | ngong tanya man Sinduraga | mênggah ingagêsang mangke | wêkasaning ing kasidan | lantaran saking punapa |Lebih satu suku kata: lantaran saking napa. kang liningan lon umatur | sumanggèng kêrsa anakmas ||

8. Paningaling kula ngriki | kados sang bagus wus tama | tan kalêmpit liring raos | wus tan kenging sinarêman | yèn mênggaha bêngawan | sampun nyungab samodra gung | kalaban nugrahaning Hyang ||

9. Bisa mor tawa mring asin | mangsa si tawa wangsula | mring kali murih tawane | kawistara raosing tyas | sindhêt kaol kawula | Jayèngrêsmi mèsêm muwus | mindhak wèh têkabur mring wang ||

10. Tiyang mêkatên tan kenging | kathah mênthèking pêthèkan | apês mupangat ing kaol | kawula tanya pêsaja | saking rumaos ngaral | supaya indhaking kawruh | rèhning ngam kêdah ihtiar ||ihtiyar.

--- 9 : 73 ---

11. Ki Sinduraga ngling aris | ingkang kêpanggih tyas-kula | babaring kasidan rêke | wontên ing dalêm iktekat | ingkang êkas ing salat | tangat sunat lawan parlu | panarikaning uliya ||

12. Rêrambatan saking mukmin | mukmin ngam kang bangsa riyah | salate ngaral kemawon | mêksih nganggo jamak kala | lawan ingkang pinangan | mêksih kalabêtan mêkruh | punika mukmin bangsa ngam ||

13. Inggihipun mukmin ngabid | anucèkkên kang pinangan | kang kalal makruh karame | wong kang karya kathah-kathah | nglampahi pêrlu sunat | munggah mukmin salih nêngguh | wong karya pakêrti tama ||

14. Bênêr patut anglakoni | wajib parlu lawan sunat | sêdaya yèn wus kêlakon | gya munggah mukmin jahada | têgêse ahli tapa | yèn wus kêlampahanipun | ing wajib pêrlu lan sunat ||

15. Nulya munggah mukmin salik | têgêse wong kang lumampah | dêdalan maring Hyang Manon | ponpan. wajib pêrlu lan sunat | anulya malih minggah | mukmin supi wastanipun | wong kang wêning manahira ||

16. Laku sunat pêrlu wajib | minggah mukmin ngarip ika | wong kang amandêng tingale | marang ing Allah bêlaka | pon wajib pêrlu sunat | nulya malih minggahipun | mukmin ngasik wastanira ||

17. Wong kang brangti ing Hyang Widi | kewala namung Pangeran | ing Allah bêlaka dene | wus tan mangro kanikmatan | anulya inggahira | mukmin mukib wastanipun | muhung asih maring Allah ||

18. Bêlaka datan upami | sih-sinihan ing Hyang Suksma | rambah ping sanga urute | minggah aoliya Allah | sèstu ingkang kinêrsan | kula punika sang bagus | sagêd miraos kewala ||

19. Dèrèng sagêd anglampahi | pan amung awirayatan | yèn wontên ingkang kêcangkol | Jèngrêsmi karênan ing tyas | myarsa wirayatira | Jèngrêsmi nauri wuwus | pangkating mukmin punika ||

20. Kados tan kenging kinardi | kêdah kêlawan idayat | yèn tan winahyu titahe | tan kenging ingangas-angas | nanging kêdah ihtiyar |

--- 9 : 74 ---

manawi parêng winahyu | mungayan pra bangsa ngaral ||

21. Ki Sinduraga nauri | inggih nakmas kasinggihan | ing sêmu sami kêraos | tan susah winêdhar basa | sami sampun muk-ulam | sêdangunira Ki Sindu | -raga pan sami karênan ||

22. Têkèng wanci Ngasar iki | dènnira sami rêrasan | nulya Ki Sinduraga-ne | angajak marang patirtan | sêndhang kang binalumbang | binotrawi lining banyu | kêlangkung wêning toyanya ||

23. Wusnya ngambil toyastuti | samya salat wêktu Ngasar | antara bakda pêrlune | pêragat puji dhikirnya | nulya asêsalaman | tata malih dènnya lungguh | Ki Sinduraga lingira ||

24. Ngandika kantun alinggih | kawula mantuk sakêdhap | ngawirya sumangga ture | sapraptanira ing wisma | anuduh rabinira | ngrakita suguh kang mungguh | dhayohmu padha ngulama ||

25. Kang èstri nauri inggih | Ki Sindu mring pêkarangan | angundhuh têtandurane | ana tinuduh mring têgal | miwah kinèn mèt ulam | yata kang sami alungguh | nèng masjid arêrasanan ||

26. Jayèngrêsmi ngandika ris | ora-orane wong tuwa | mêtu pituture gambèn | kênyamipun ngangkah-angkah | gêlar sucining sarak | urut-urute tinutur | pangkat angkating mukmin kas ||

27. Kang rayi umatur aris | inggih paman Sinduraga | kados yèn lamun ginuron | eca pinikir wong tuwa | tekat sarak utama | mituhu sarengat Rasul | dèrèng mèngèng saking kitab ||

28. Ki Kulawirya nauri | iya bênêr sojarira | pêsaja kèh prasèndene | bêrkate wong rada kuna | akathah kawruhira | patute rada mêdhukun | kêtara prèjènganira ||

29. Yata ing wanci wus Mahrib | samya ngambil toya kadas | Nuripin gya adan age | asunat sêdayanira | angamal pupujiyan | samya ngêntyani Ki Sindu | -raga gya prapta asunat ||

30. Wusnya nulya dèn-kamati | Jèngrêsmi kinèn dadi man§ Prayoginipun / dadi mam / = dadi imam. | majêng angangkat pêrlune | antara Mahrib bakdanya | laju manjing ing Isa | Jèngrêsmi wêwacanipun | dèn apti pasekatira ||

--- 9 : 75 ---

31. Sawuse Patekah-nèki | surat Jumungah awalnya | surat Munapèk akire | antara Ngisa abakda | pêragat witira |Kurang satu suku kata: Pêragat witirira. sawusnya ngaturan mudhun | mring wisma angraras-driya ||

535. Mijil

1. Sadaya wus mudhun saking masjid | (n)dulur lampahnya lon | praptèng wisma salu pinêrantèn | ginêlaran kêlasa-lus putih | wus samya alinggih | tata anèng salu ||

2. Sutanira kalih angladèni | naosakên gembol | saya mêsês bêsus andêlèrèng | Ni Wasita Warsiti angliring | siji sewang mêndir | anancang pandulu ||

3. Ni Wasita lan nimbok Warsiti | sarêng mundur alon | Ki Sinduraga nuduh siwine | dhenok karo sira dèn-agêlis | ladèkêna nini | sêgamu sênanjung ||

4. Lèhira ngliwêt sidhat apa wis | wêtokêna dhenok | ni rara ro mêndhak mèsêm ture | lumaku ting garubyug kang tapih | lampahira ririh | mipit magêr-timun ||

5. Usap susur tangane kang siji | ngrêmêt-ngrêmêt suroh | praptèng wisma wingking nuduh age | mring baturirèstri angladèni | wus samêkta sami | gya ingirit mêtu ||

6. Biyungira lêgèh anèng ngarsi | sutanira karo | nampa kêndhi patula cêcêpe | kang nèng wuri sêga pulên putih | anèng panjang lintrik | kêlawan bubucu ||

7. Liwêt sidhat mêncir gajih biri | kinyih-kinyih tinon | kadya kêna pinêrês lêngane | myang rampadan nèng dhulang tup sari§ Prayoginipun / tup saji /. | ulamnya mawarni | wus sumadyèng ngayun ||

8. Ni Wasita kêlawan Warsiti | tata rampadan lon | lam-ulaman ngandhèrkên rasane | opor bèbèk lawan bêsngèk pitik | anjenan lumungsir | age pal-puk duduh ||

--- 9 : 76 ---

9. Srêgan babad limpa lawan ati | dhèndhèng-ragi abon | sambêl miri rajangan lalabe | ayêm tuwa pinêdhês rinawis | ing jruk pêcêl kulit | rêmpah lan kêrupuk ||

10. Ni Warsiti dènnira ngladèni | siduwa anjongok | kawistara salêkok lêkêre | Jayèngraga tyase ragi mikir | watuk ngampêt ririh | ni rara kumênyut ||

11. Têrataban tyase sênag-sênig | lêngên andhêrodhog | amaruntus kringêtên githoke | ngêlêd-êlêd idu gondhang salit | sora napasnèki | ngorong mêtu ngirung ||

12. Ingangsêgên piring gumalêthik | gêmpil prêl kêtanggor | biyangnya ngling (m)bok dèn-alon bae | Ni Warsiti angacêmut isin | wus tata mundur ris | Ki Sindu umatur ||

13. Sumangga paduka samya wanting | krana Lah kemawon | nuwun maklum sawontên-wontêne | kang ingancaran samya wiwijik | sarya ngling lah bibi | wasisan akêmbul ||

14. Nyai Sindu nuwun aturnèki | Ki Sindu nglingnya lon | kajêngipun kewala ing mangke | adan lêkas dènnya samya bukti | suka rênèng galih | anadhah pikantuk ||

15. Ayêm tuwa kang samya kinapti | malah lali lawoh | amung ayêm mênjangane bae | Jayèngraga nyarub mêratani | adhokoh tan wigih | kaecan anutug ||

16. Aluwaran wus samya wêwanting | ambêng gya linorod | mring Nuripin kinepan kabèhe | kadhuwêtan dènnira nguculi | sabukanirèki | kinêndhon rumuhun ||

17. Ambêgêgêg saguh dènnya linggih | pêmangane cekoh | pupuk gêng mangap mele ilate | mata mablak kêlip angêdhapi | dhêluk uga tangi | tumênga tumungkul ||

18. Ki Kulawirya gumuyu angling | Ripin lè(h) ambadhog | kathik mele mangap lan matane | sabên muluk bokong nganggo njondhil | lir endha binandhil | tandhane§ Prayoginipun / tandange /. aibut ||

19. Wusnya têtêbah ingkang ngladèni | nyamikan sinaos | woh-wohan nyangmyang. olah-olahane | Ki Sinduraga angancarani | suwawi won kèksi | tinadhah ingriku ||

--- 9 : 77 ---

20. Samya nyamik sasênêngirèki | sinambi miraos | Sinduraga atutur waune | kala nème ramanta duk nguni | tirakatan sami | mring ardi Sêmèru ||

21. Anèng guwa Dhasar pitung ari | siyam angêlowong | wong nêm samya ambungkah pasane | namung ramanta kuwat pribadi | nglowong pati-gêni | bêtah pitung dalu ||

22. Nèng sajroning guwa Dhasar wingit | kaidayat kaot | mas Rundaya nèng riku angsale | wahyu-tama nèng Sêmèru wukir | baya wus pinasthi | dadine ngaluhung ||

23. Jèngrêsmi lan kang rayi Jèngragi | Ki Kulawirya non | samya ngungun karênan pajare | Sinduraga ngundang siwi kalih | prapta kang dèn-sèngi | pra samya nèng ngayun ||

24. Ngling punika rayinta samyèstri | ywa wigih pangangkoh | wajib manjing sêdulur yêktine | kang liningan amangsuli inggih | kêlangkung utami | sami ngawu-ngawu ||

25. Jayèngraga angling jroning galih | o ah kang mêngkono | dene gêla têmên tyas ngong mangke | kurang thithik bae mêngko lingsir | ing wêngi amêsthi | karone kêbrawuk ||

26. Têka dèn-srahakên ing atunggil | cuwa têmên ingong | tan prabeda ni rara batine | kogêl sinêdulurkên ing tami | liyan têmah dadi | asanak sêdulur ||

27. Yata Sinduraga ngling mring siwi | lah rara dèn-gupoh | pundhutên ge trêbangku si Garèng | padha slawatan dhèwèkan sami | lan kakangirèki | lèk-lèkan wong nganggur ||

28. Ni Warsiti gupuh dènnya ngambil | tarêbang sawiyos | prapta ingaturkên tarêbange | wawi anakmas gêgêntènan singir |Lebih satu suku kata: wawi nakmas gêgêntènan singir. lan gêntyan nêrbangi | kula lan nak bagus ||

29. Kang sinung ling samya anglêgani | rumahab ing pakon | nulya sinêntak wau trêbange | ginêmbrang kumrampyang têrbangnèki | Ki Sindu ngling aris | mring ro anakingsun ||

30. Miluwa ambyong sauran singir | ngarah apa dhenok | lah wong lawan kakangira dhewe | tan ana lyan aja wigah-wigih | suta ro ngèsêmi | tan lêngganèng kayun ||

--- 9 : 78 ---

31. Nulya abawa kataman Nabi | Rasululloh rêko | kataman Nabi iya Muhamade |Lebih satu suku kata: kataman Nabi ya Muhamade. ngajam Ngarbi wa Rasulullahi | kataman nabiyi | swarane Ki Sindu ||

32. Mèmpêr swarane Ki Bayi |Kurang dua suku kata: Mèmpêr kadya swarane Ki Bayi. karêkêling ulon | datan pati asora swarane | grathul-grathul magak angunani | mulut rêmên manis | êmpuk ngêntal-êntul ||

33. Sinauran kapat Ki Nuripin | kanêm ni rara ro | rêmpêg asring tan srênti sajake | lir saron barung dèn-panêrusi | raras anyundari | ngalêp nganyut-anyut ||

34. Singir pakam-lahu pi-ayatin | mashuratin rêko | nasal kitabu bi hagadane | mashura lajêng bawa nampèni | swara rum jalwèstri | asari rinungu ||

35. Wong kang cêlak-cêlak samya tangi | mêriku anonton | ting gêrobyak mêngakkên-lawange | tarap nèng jogan dènnya ningali | Ki Sindu akapti | slawatan lan tamu ||

36. Sinduraga panrêbangirèki | lêlamban kemawon | pangiwane ngêpipir kêmpyange | têtampèlan lan gêmbrungirèki | gagliwangan goling | pinangku ing dhêngkul ||

37. Dèn-ngêr-ingêr têrbange dèn-lingling | sinru uga alon | manut lagon sangêt lan lirihe | mêksih labêting baut kêtawis | ping pêk tong gring tong ting | pong bêng pong bêng pong brung ||

38. Langkung rahab tamunira sami | bantu dènnyambyong |Kurang satu suku kata: bantu dènya nggambyong. samya micarèng jro wêrdayane | dene swara mèmpêr sadayèki | kêlawan jêng kyai | layak tunggal guru ||

39. Wus antara nutug dènnya singir | tamat suwuk alon | maca sêlawat sêsaurane | Jayèngrêsmi nulya maca rawi | kir-ate patitis | swara manis arum ||

536. Dhandhanggula

1. Sinduraga ngalêm jroning ati | myarsa dènnira maca ruwiya | tan nilip kandêl tipise | ngling sumangga nak bagus | asêsambèn angaring-aring | dhahara nyênyamikan | sapikantukipun | yèn wus

--- 9 : 79 ---

aso gêgêntènan | anarêbang ingriku aganti-ganti | kawula yun uninga ||

2. Kang liningan samya anginggihi | sarwi sêsambèn dhahar nyamikan | royoman kêmbulan bae | suta ro sinadulur | (n)dulurakên marang têtami | samya rahab nyamikan | Ni Warsiti lamun | mangan sinambi liringan | lan Jèngraga sisinglon iriban liring | samur nyakot panganan ||

3. Ingkêmira ngiras angèsêmi | Jayèngraga angling jroning nala | gampang mana bocah kuwe | kaya untu mèh runtuh | tênagane wus gowal-gawil | sêmangsa ginêpoka | ngatut lir dinudut | wusnya aso sawêtara | Sinduraga ngulungkên têrbangirèki | mring Jayèngrêsmi sigra ||

4. Wawi anakmas andika singir | kang liningan anampani têrbang | nulya maca sêlawate | sajak Yaman Allahu | Allahu Allahu ya rabi | Muhamad Rasullulah | sinauran barung | têrbange tiniru lamban | singir ngêlik tanakaltu biaslapi | arbadi sahodadya ||

5. Kadas sampung§ Prayoginipun / Kadas samsu /. pingli abrahatin | tanakalu mêntul swaranira | mêksih dèn-unthêt ulone | ulêm angglêndêm êmpuk | Ni Wasita sat-ingsêt linggih | apasang-pasang tingal | tan kêsamèng dulu | tyase iya uga ora | Ni Warsiti olèh paguting pangèksi | asêsangkutan ulat ||

6. Lamun ngêlik iriban mêndêlik | elok lèjême nora kêjamak | galak anglarak lirihe | ting kadhuwêt pikantuk | bapane wus wruhing pangèksi | inguja jêjawatan | juwêtan rinêngu | mêngkana sadangunira | dènnya samya rahab sêlawatan singir | gantya-gantya narêbang ||

7. Lamun Jayèngraga nrêbang singir | Ni Warsiti tambuh solahira | angêtarani pamrihe | saking kadrênging wuyung | yèn ta sampun sompok kèh mèksi | kaya nubruk-nubruka | anglêthuk angrêmus | mring baguse Jayèngraga | ingkang dhe-gus alus bêsus mêsês sigid | gut-gutên ni-mbok lara ||

--- 9 : 80 ---

8. Wus wêrata dènnya ganti-ganti | narêbang singir maca ruwiya | wanci wus bangun akire | Sinduraga amuwus | marang anakira kêkalih | dhenok sira liwêtna | sêdhela kakangmu | manawa laju lêlampah | dimèn karya asarapan mupung enjing | prayoga ngêt-angêtan ||

9. Ni Wasita Warsiti nulya glis | mundur mring pawon samya lah-olah | Ki Sinduraga lon ture | wus dawêgipun wêktu | Subuh mupung awal utami | gêpah dera ngaturan | sêdaya umêt |Kurang satu suku kata & guru lagu 'u': sêdaya umêtu. mring sêndhang kang binalumbang | Ki Nuripin anggembol panganirèki | amèk sisênêngira ||§ Prayoginipun / sasênêngira /.

10. Wusnya samya ngambil toyastuti | minggah mring masjid Jèngraga adan | tumlawong landhung swarane | asalatu kaerun | minanomi§ Limrahipun / minannasi /. sampunirèki | sêdaya sampun sunat | pupujiyanipun | lêlagon amal-amalan | manjing wêktu ing pajar gidib mèh sidik | anulya kinamatan ||

11. Jayèngrêsmi kinèn angimami | gupuh ngangkat pêrlu niyatira | usali praptèng takbire | wusing Patekahipun | apan surat Sujada nênggih | andhêge sinujudan | rêkangat liripun | surat sawusing Patekah | surat Kasar§ Surat Al-Kautsar. wêwacan rêkangat akir | adêge kinunutan ||§ = Maos donga Qunut.

12. Praptèng ayat salam bakda nuli | pupujiyan dhikire asantak | paragad donga wêktune | sêsalaman kumrubut | sarwa lagon sêlawat Nabi | sêsampunipun purna | Ki Sinduragèku | ngaturi kundur mring wisma | Jayèngrêsmi angling andika rumiyin | kula mangke sakêdhap ||

13. Sinduraga mudhun ngrumiyini | angrukti sugata sêsèmèkan | kang lah-olah kinèn age | ramut sêdayanipun | yata ingkang wontên ing masjid | Nuripin ngudhar-udhar | bubuntêlanipun | Ki Wirya ngling iku apa | matur inggih ambêrkat nyamikan kêdhik | puniki gajêg eca ||

--- 9 : 81 ---

14. Kulawirya gumuyu ambêkis | apa kapiran sira tan mangan | durung wruh rasane kuwe | kang dablog sapa mau | dene cangkême kaya gunting | tan pijêr sêlawatan | pêrlu ngulu-ulu | samangsa sun-tolèh mangan | mung mangan thok tan ana banènne muni | lèrèn ngantuk lan mamah ||

15. Cangkême isih anyokot pipis | cokore (ng)gêgêm juwadah jênang | sejene anèng pangkone | prandene jugug umuk | nora pisan olèh ngacêmik | samangsa sun-dhudhaha | wêtêngmu bok munjung | Nuripin gumuyu mangan | èh hêm milu miluwa thim sing priyayi | rencang angsale napa ||

16. Legèk arêp ngêmplok durung (ng)gigit | (ng)gèn-ningali ngawêti maring wang | sarwi (n)damoni bithine | têmahan wande muluk | ajêng kula sikokênêna jrih |Lebih satu suku kata: ajêng kula sikoknêna jrih. têmah lir wong bedhangan | muluk yèn kêtungkul | Ki Kulawirya alatah | jèh kêrêpên pêmbadhogmu aku sêngit | tan mênêng mamah-mamah ||

17. Suka gumuyu kang putra kalih | Jayèngraga angling sarwi latah | gajêge padha bênêre | Ki Nuripin umatur | kêparêg pèh kêpopoh pinrih | mring kang apês parannya | kêtibanan dhênggung | wontên wangsiting sasmita | ting kêduwêt akoyok bêburon liring | kêsit abalêdigan ||

18. Kang sêtunggal kêcopètan liring | kêthul bêngkul tan kêsamèng nala | sêlèk sinangkut karone | ramya bênturan sêmu | sruwang-sruwêng srawungan lungit | gulêt balangan ulat | wontên kang tan payu | têmahe akarya tiban | kintênipun kados winada kêripik | kirang pêrkis piliyan ||

19. Kulawirya latah nyandhak gitik | Nuripin lumayu karèngkangan | tan tinolih panganane | juwadah jênang kimpul | linemparkên marang Nuripin | ênting kinarya (m)balang | sing kêna gêlaprut | ing pipis kêlawan bikang | Jayèngraga ngling modar kowe Nuripin | tambamu wong sêmbrana ||

20. Jayèngrêsmi mèsêm dènnira ngling | jêr sok salah gawe popoyokan | tan kongsi lèh pêmangane | yata antara dangu | Ni Warsiti prapta turnya ris | paduka ingaturan | mring wisma sadarum | Jèngrêsmyangling lah ya rara | rumiyinna manira mêngko ing wuri | Ni Warsiti gya mentar ||

--- 9 : 82 ---

21. Nulya samya mudhun saking masjid | praptèng wisma Sinduraga gêpah | amêrnahakên lungguhe | wus tata anèng salu | Sinduraga nuduh mring siwi | lah wus ge wêtokêna | sêgamu senanjung | sutane roro agêpah | mêdalakên sêkul rampadan ing ngarsi | ni rara salasiran ||§ Prayoginipun / salisiran /.

537. Salisir

1. Ki Sinduraga turira | sumangga sami wantingan | kang ingancaran agêpah | parêng atuturuh asta ||

2. Adan lêkas kêmbul nadhah | pikantuk samya kaecan | ulam-ulaman mawarna | ingolah sarwa anyaran ||

3. Antara dangu dènnira | anadhah gya aluwaran | nulya-mbênge cinarikan | Nuripin tan kinurangan ||

4. Anutug tuwuk tan turah | sêdaya wus linorodan | ing ngarsa wus tinêbahan | gantya dhêdharan mangarsa ||

5. Olahan ènjing-ènjingan | cinarakakên sumangga | punika kang mêmangsêgan | nulya samya nyênyamikan ||

6. Ukur sapikantukira | sawab wus wrat sasarapan | mêne dhêdharan amucang | êsês kêlobot minênyan ||

7. Nuripin wus linadènan | panganan sarwa prok-prokan | tan kaot lan kang rinampad | prandene gêmpur mèh têlas ||

8. Mung kari kang anggrah-anggrah | wus samya mêmangsêgan |Kurang satu suku kata: wusnya samya mêmangsêgan. Jayèngrêsmi alon nabda | lah ta paman Sinduraga ||

9. Puniki wus kêlampahan | mrih mulane§ Prayoginipun / sih mulene. mring apapa | sangêt panrima-kawula | tan sagêd amangsulana ||§ Prayoginipun / amangsulêna /.

10. Aprêsasat sihing bapa | kang ayoga tan prabeda | lamun parêng kawularsa | apamit madal pasilan ||

11. Laju marang Padhangeyan | kang (n)dika pajar punika | mitrane rakanta rama | kang wasta Ki Wargasastra ||

--- 9 : 83 ---

12. Kawula sêdya angrarah | labêt mitrane jêng bapa | angirasi takon warta | sananya Sèh Amongraga ||

13. Mênawi kawula prapta | ing karajan Wanamarta | yèn wontên tanyaning rama | wontên sun-karya sal-angsal ||

14. Wau ta Ki Sinduraga | myarsa prasabêning sabda | lir suta gring mèh prêlaya | ngrês tyas cipta kapugutan ||

15. Èsmu rêndhêt dènnira jar | kêlangkung cuwa pun bapa | pêpanggih mung satilapan | tan jênêk (ng)gyan-sun tumingal ||

16. Langkung kêraosing driya | mulat ing andika samya | kèngêtan mring kang pêputra | ramanta kang Arundaya ||

17. Ing dangu akêkandhangan§ Prayoginipun / akêkadangan /. | tan wontên rasa-rinasa | kula mèksi ing anakmas | sasat panggya kang Rundaya ||

18. Lamun parêng sêdayanya | rêrêba saking sêpasar | wontên marême tyas-kula | ngawirya samya nor-raga ||

19. Langkung lênggana minarma | ngling malih Ki Sinduraga | mênggah anakmas ngupaya | kadange ingkang lêlana ||

20. Kang wasta Sèh Amongraga | tan kêna ginalaling tyas | wus tan samèng janma jamak | anèng jaman kahênêngan ||

21. Yèn sirnane botên sirna | kados sampun kinêwasa | wus praptèng piyambêkira | namung punika anakmas ||

22. Dede pêthèk dede gati | grunêging manah kewala | mênawi mèmpêr ing benjang | tinitèn won pêngangguran ||

23. Jèngrêsmi lon angandika | yèn parêng Ki Sinduraga | wontêna pitulungira | sawiji anguntapêna ||

24. Maring dhepok Padhangeyan | Ki Sindu langkung lêgawa | anuduh magêr-sarinya | kang aran Ki Wanalela ||

25. Jayèngrêsmi asung salam | Ki Sinduraga agêpah | arêgêp ing patêkêman | sarya lon pamuwusira ||

26. Wêling ingong mring anakmas | mung salam bêkti-kawula | katura rama-andika | Jêng Kyai Bayi Panurta ||

27. Sun-umiringkên raharja | mugi panggya kang sinêdya | Jèngrêsmi langkung nor-raga | gya Jèngraga Kulawirya ||

--- 9 : 84 ---

28. Gantya samya sêsalaman | dêlah Nuripin sung salam | sauwusira mêngkana | Ki Sinduraga lingira ||

29. Lah sira (n)dhuk ngabêktiya | karo marang kakangira | Ni Warsiti lan Wasita | nêmbah ngujung mring ngawirya ||

30. Jèngrêsmi ngling ya wus sira | rara kariya raharja | muga cêpaka ing bêgja | nulya nêmbah mring Jèngraga ||

31. Ni Wasita ngaras pada | Jèngraga nêkêm wêntisnya | tumumpang ing tanganira | Wasita pèk-èpèkira ||

32. Cinènèng jarijinira | kang cinènèng malês sipta | wus mundur gantya ni rara | Warsiti nêmbah ngraspada ||

33. Agupuh Ki Jayèngraga | anêkêm dhêdhêngkulira | sarwi pipine ni rara | cinuwil wawal akiyal ||

34. Warsityanggitêl wêntisnya | anjiwit jêmpoling asta | mèh kêdangon dènnya riban | ni rara ro anêmbrama ||

35. Atur rahayuning lampah | wus samya sinaman sabda | pra ngawirya pêpamitan | uluk-salam sinauran ||

36. Wa ngalaekumu salam | Jayèngrêsmi Jayèngraga | kêlawan Ki Kulawirya | adan umangkat saksana ||

37. Ki Sinduraga agêpah | tumutur ing natarira | lan sutanira ni rara | samya akanthèn asta ||§ Kirang sawanda, prayoginipun / akanthètan / [akêkanthèn].

538. Kinanthi

1. Jayèngrêsmi aris muwus | kewala wangsulèng ngriki | Ki Sinduraga lingira | pun bapa (n)jurung basuki | nulya laju lampahira | kang tinilar brangta kingkin ||

2. Ni rara karo kêduwung | mêksih anglut ing pangliring | lir nganal milu-miluwa | Ki Sinduraga anuli | malêbèng ing wismanira | ni rara marang ing kori ||

3. Samya mangu nganguk-anguk | sing lawang dhadhahirèki | yata kang magawèng marga | wus ka-ampingan tan kèksi | ing wanci surya rumangsang | gumatêl pantoging enjing ||

--- 9 : 85 ---

4. Kêpungkur dhusun ing Tajug | tumurun marganirèki | ra-ara dhukut kruwudan | srut kêtèpèng lan kulampis | tanjong sasang§ Prayoginipun / sangsang /. pung cukilan | pêlasa usit widuri ||

5. Mêrgi tikungan tumurun | ing Seladhakon marêgil | mlatar sela kumalasa | rêca lit mawarni-warni | sêkêdhap samya mêmucang | Jèngrêsmi ngandika aris ||

6. Mring Wanalela lingnya rum | ing ngêndi aranne iki | ra-ara watu mêlatar | akèh rêcane mawarni | Ki Wanalela turira | punika bêbangkan lami ||

7. Ing Seladhakon rannipun | anambung wuwus Nuripin | punapi dupèh punika | watu lêkok bundêr dharik | jèjèr kadya dhêdhakonan | Ki Wanalela nauri ||

8. Apan wus salaminipun | ngluri linging bapa kaki | wikana wau-waunya | tan wruh gotèkipun nguni | Jèngrêsmi malih ngandika | sira lumakuwèng ngarsi ||

9. Ki Wanalela agupuh | datan lênggana ing budi | anulya samya lumampah | Ki Lela lumakwèng ngarsi | tuduh marga ngalerngalèr. ngetan | ing Seladhakon kawingking ||

10. Mêrgèng galêngan aruntung | lulungur lorog sinabin | asri lagya amêrkatak | miwah ingkang mêmping kuning | korak sêsawi ngarêncang | ramya rare têngga sabin ||

11. Ting calêrèk anèng gubug | anggonjèng tali sêsawi | pêksi kèh samya têtêban | bondhol gulathik prit pêking | sinurakan kukuk giyak | nèng ranggon pating jarêlih ||

12. Kêndhangan gambangan calung | mêlang-mêlung amêlingi | bungah rame sinênggakan | mirungu mring kang lumaris | Nuripin nolih saryojar | dilèngeng padha mêmengin ||

13. Ngayêm-ayêm anèng gubug | layak wong parine bêcik | atulus landhung wulinya | ka-èsèlan (ng)gyan têtanin | napinggih kang Wanalela | wus date tanah ing ngriki ||

14. Wêtuning pantun atulus | nauri limrahing ngriki | niku malah rada antang | tan pati moncèr kang wuli | Nuripin apêlongokan | (ng)gih talah tanah ingriki ||

--- 9 : 86 ---

15. Yata kang mahawèng ngênu | nabrang lèpèn jênês alit | laju nampak patêgalan | cêlak desa ing Lêgundhi | mêngetan malipir dhadhah | anjog dhusun ing Pakuncin ||

16. Ing wanci siyang mèh bêdhug | rarywan soring ngasêm sami | Jayèngrêsmi lon ngandika | mring Ki Wanalela aris | ing ngêndi aranning desa | umatur kang sinungan ling ||

17. Punika wastaning dhusun | inggih ngastana Pakuncin | apan siti pamêthakan | pupundhèn ing Pranaragi | makaming Gusti Bathara | rinêksèng dhusun nêgari ||

18. Ki Kulawirya amuwus | Nuripin mênyanga aglis | mring desa angilènana | dawêgan têka lima glis | Ki Wanalela turira | dhuh mangke kula pribadi ||

19. Tan susah mawi atuku | nuli Ki Wanalela glis | marang ing dhusun Sêtana | panggih lan pangulunêkipangulunèki. | wasta Ki Amaddiman |Kurang satu suku kata: awasta Ki Amaddiman. Ki Wanalela ajarwi ||

20. Ki Amaddiman agupuh | nuduh kèn-amènèk tiris | dawêgan wangèn sêdasa | sadaya wus dèn-parasi | Ki Amaddiman parentah | mring rabine kinèn ngrukti ||

21. Sugata panganan sêkul | Maddiman arsa pêpanggih | tut wuri ing lampahira | Wanalela lan Nuripin | prapta ngarsaning ngawirya | katur Maddiman nèng wuri ||

22. Kinèn maju ki pêngulu | nuli amarêk mangarsi | mundhuk-mundhuk atur salam | sêdaya dèn-wêratani | sarya tur pêmbage harja | sinauran sami-sami ||

23. Ki Amaddiman umatur | punikamba nênaosi | we nyu sêcêrêt supaya | pangaso apor nèng mêrgi | Jayèngrêsmi ris anabda | abangêt tarima-mami ||

24. Anulya dawêganipun | sêdaya wus dèn-pacoki | ingaturkên sang ngawirya | samya anginum we tiris | anuntas sawiji sewang | sêgêr angganira sami ||

25. Wêradin samya anginum | Nuripin dêgan nênêm (n)ting | sêdaya pinêlathokan | winacal dipun-wawari | kumêruk rada kêtuwan | ingaturkên tan inapti ||

--- 9 : 87 ---

26. Sinungkên Nuripin gupuh | rosa pêmanganirèki | dawêgan sadasa bebas | angêruki gêgêmêti | Ki Kulawirya malengak | angling dudu wong Nuripin ||

27. Cokore jèh kêrak-kêruk | e tanggung têmên Nuripin | (m)bok têkan blungkange pisan | untalên bèn mari ngêlih | Nuripin ngalih (ng)gonnira | ngacêmut grundêlan ririh ||

28. Ki Amaddiman umatur | mring awirya Jayèngrêsmi | kêlamun parênging karsa | paduka amba-aturi | sarèh ing wisma-kawula | sampun amba sêsaosi ||

29. Inggih ing sawontênipun | kang mugi paduka kampir | Jèngrêsmi nauri sojar | ênggèh wus tarima-mami | manira taksih raos wrat | datan wagêd anadhahi ||

30. Kewala sun arsa laju | wus paman manira amit | umatur mangke sakêdhap | nulya Maddiman mulih glis | ngambil pisang raja kusta | lan raja talun gêng kuning ||

31. Rong tangkêb binopong ngayun | sinungkên dhatêng Nuripin | puniki dhi (n)dika bêkta | lowung dhinamik§ Prayoginipun / cinamik /. nèng margi | gêdhang nulya tinampanan | ngling Allah niki utami ||

32. Jèngrêsmi aris amuwus | paman Maddiman ngong pamit | anulya sami salaman | sadaya sarêng dènnya ngling | umatur sarya nor-raga | amba andhèrèk basuki ||

33. Ki Nuripin ambarêngkut | anggendhong gêdhang lan jarik | lir bakul apêpasaran | sêsalaman sarwi pamit | Maddiman kantuna karya | kula mirangrong umiring ||

539. Wirangrong

1. Adan umangkat lumaris | mangetan menggok mêngalèr | mêrga minggir dhadhahing ngadhusun | Sêtana pakuncin | nikung mudhun mangetan | nampak têbu§ Prayoginipun / lêbu /. patêgalan ||

--- 9 : 88 ---

2. Katêb tinanêman wijin | yèn dinulu asri tinon | banjêngan saba kêsumba kudhung |§ Kirang kalih wanda, prayoginipun / kêsumba miwah / [sudah benar, baris ini harus 10u]. lampahe lêstari | Wanalela nèng ngarsa | Nuripin nèng wuri têbah ||

3. Krêp lèrèn samargi-margi | mangan gêdhang sabên aso | lamun tinudingan ngèjèg mlayu | nututi lumaris | wus cêlak arèndhonan | sadangunira lumampah ||

4. Gêdhang rong rangkêbtangkêb. wus ênting | pinangan dhewe mal-êmol | wus andheyang atob hak-huk |§ Prayoginipun / adheyang-dheyang /. wus tan ngari-ari | ing lampah lagya nabrang | aran ing lèpèn Katêgan ||§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / Kategan /.

5. Palèstrèn pinggiring kali | kacang cipir lombok terong | kimpul lan kêtela lawan jagung | jêwawut kêrai | wus langkung ing Katêgan§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / Katêgan /. | kewala ngêncêng mêngètan ||mêngetan.

6. Bêbangkan lunguring wukir | trataban gêrumbul bondhot | pangalang-alangan glagah rayung | pacing (n)jalin cacing | lumakèng jurang sêngkan | bêbanaran ara§ Prayoginipun / bêbanar ra-ara /. wiyar ||

7. Ing wanci tumiling lingsir | kulon manjing wêktu Lohor | tan na papan salat dadya laju | rêkasa ing mêrgi | Nuripin kêkicatan | nampak kêtampêk ing panas ||

8. Sumuk grahuyang ngayêngi | tan ana kayon kang ayom | angambah bêbêran têbih dhusun | andarung ing margi | sinampyong lampahira | anglangkahi lulunguran ||

9. Nulya dhusun gêng kaèksi | kêroya gêng angarongkob | antaraning lampah praptèng ngriku | joging kali Udi | araryan samya siram | kêdhung awêning toyanya ||

10. Wuse dènnya siram sami | wulu nulya salat Lohor | sabakdanya salat nulya laju | minggah pèrèng kali | mêrgi têgal patoman | aso nèng pêkên Jênangan ||

11. Anèng sandhaping waringin | lênggah anèng watu towok | kêraos sayahnya suku rapuh | karênan sumêni | Kulawirya ris mojar | Nuripin gêgawanira ||

--- 9 : 89 ---

12. Gêdhang raja èsêl kuning | Nuripin èsême cêlom | matur sampun têlas nèng dêlanggung | kawula sêsambi | bêrkate cêlak (ng)gènnya | inggih sêdanguning lampah ||

13. Won nganggur kula cacêmil | pisang rong tangkêb bêrondhol | wah rikat lumampah sagêd mlayu | tan kantun ing wuri | Jayèngraga alatah | Jayèngrêsmi mèsêm tumingal ||Lebih satu suku kata: Jèngrêsmi mèsêm tumingal.

14. Kulawirya ngling mucicil | bangêt lèhmu dudu uwong | gêdhang raja dhamplak lêmu-lêmu | mêntêr kuning-kuning | nora duwe duduga | patut pinangan lan ora ||

15. Katon têmên lèhmu baring | Jayèngrêsmi ngandika lon | Nuripin mêntara marang dhusun | lan Wanalela glis | ngilènana sadhengah | ya saanane kewala ||

16. Kang liningan mentar aglis | mring pêdhusunan wong loro | wus malêbèng desa kang jinujug | wismaning pêtinggi | aran Ki Narakosa | Ki Wanalela ajarwa ||

17. Samya yun ngilèn-ilèni | susuguh ingkang munggoh |Kurang satu suku kata: asêsuguh ingkang munggoh. gya Ki Narakosa amuwus |Kurang satu suku kata: sigra Ki Narakosa amuwus. lah inggih prayogi | sampun susah tinumbas | dhasar katuju sarwa na ||

18. Pênêde bok dipun-turi | Ki Wanalela lingnya lon | èh mangsa kêrsa-a pênêdipun | dèn saoskên ngarsi | sigra Ki Narakosa | parentah mring rabinira ||

19. Kèn-ngrukti pasugatèki | sêkul panganan mirantos | dadya têlung dhulang nulya gupuh | dèn-irit mangarsi | pêtinggi gêpah-gêpah | Ki Wanalela turira ||

20. Pan punika pun pêtinggi | umarêg ngaturkên sugoh | Jèngrêsmi tumingal aris muwus | dèn-kêparêng ngarsi | nulya majêng ing ngarsa | sarya nor lon aturira ||

21. Punikamba nênaosi | kang rêm-arêm ing kalêson | namung sumapala datan mungguh | angaturi bukti | kunjuka ing paduka | Jèngrêsmi lon angandika ||

22. (ng)Gèh langkung têrima-mami | man pêtinggi suka sugoh | dawêgan kinêrsan nulya gupuh | sinaoskên ngarsi | pan uwus binolongan | samya angunjuk sêdhêngan ||

--- 9 : 90 ---

23. Sêkul rampadan mangarsi | ngawirya samya tuturoh | sarêng dènnya nadhah apikantuk | dènnira abukti | wus nutug aluwaran | wanting ambêng cinarikan ||

24. Sinungkên marang Nuripin | dhulang dhêdharan sumaos | dhahar pêpanganan krêtan têbu | pisang raja kuning | lawan rujak dawêgan | myang tomba§ Prayoginipun / tampo /. brêm sinantênan ||

25. Nangka dhuwêt jambu isi | cimplung gabu kêtan komoh | tan salah juwadah lawan madu | pikantuk binukti | pan samya winêratan | Ki Kulawirya ris mojar ||

26. Dene saji kang pêtinggi | kang liningan matur alon | inggih pinarêngan badhe sungsung | sanak darbe kardi | botên susah andadak | ngling sukur Alkamdulillah ||

27. Wus nutug dhahar mêmanis | dhêdharan nulya linorod | pinaringkên marang santrinipun | wong rolas Nuripin | tuwuk sadayanira | Jèngragi ngling atêtanya ||

28. Sintên rannya man pêtinggi | umatur inggih won-awon | pan pun Narakosa ngling (ng)gih langkung | pênrimane sami | dènnya sung sih prayoga | matur tan rumaos gadhah ||

29. Ki Wirya nambung ngling aris | puniki watu lir towok | prèhipun waunya kandhanipun | matur ki pratinggi | gotèking tiyang sêpah | criyos towokipun Kalang ||

30. Kalanipun duk sang Panji | ya kêlangênan gêrogol | lan kadeyan Kalang Daga-Wirun | myang pra Panji-Panji | kuwon anèng Jênangan | grogol ing wana Dhageyan ||§ Prayoginipun / Dhangeyan /.

31. Pun sela towok puniki | wong tan wontên purun lunggoh | yèn wontên kang maha purun lungguh | kawula awisi | pan kabuyutanira | tiyang sadhusun Jênangan ||

32. Nuripin ngling saking wuri | punapi niku sayêktos | towokipun sela (ng)gih puniku | dede waja wêsi | iba landheyanira | towok ambane pat pêcak ||

33. Ki pêtinggi nolèh angling | wikana sawêg cariyos | sami tan

--- 9 : 91 ---

uninga towok wau | wêsi lan wajèki | mung angluri kewala | brêkat criyose wong kuna ||

34. Ki Wirya lingira aris | kadèk ujare wong-uwong | towok yèn oleya anggonipun | wong ahli wanadri | gaweyan ing Jênangan | jawane kiye kang mawa ||

35. (ng)Gih mêkotên kang pêtinggi | Narakosa matur kados | Jèngrêsmi lon nabda lah ta sampun | man manira amit | sami andum waluya | ngong mangkat mring Padageyan ||§ Prayoginipun / Padhangeyan /.

36. Linampahan saking riki | punapi botên kêdalon | matur Narakosa botênipun | kêdalon ing mêrgi | apan sampun acêlak | punika ingkang kêtingal ||

37. Lan ênggèh paman pêtinggi | manira laju kemawon | umatur sumangga kula nuwun | andhèrèk basuki | sêdaya wus pamitan | anuding gambuh ing marga ||

540. Gambuh

1. Laju ing lampahipun | nètèr mêngetan nut iring lurung | wana Wirun trataban samya tinêgil | tinunggar sêlaning grumbul | grumbul rinambatan bondhot ||

2. Lêpas dènnya andarung | mêrgi gêgênêng minggah tumurun | tumurun mring jurang Payaman atêrbis | karas pakêdhunganipun | mêncêp toyane anyarong ||

3. Jèngrêsmi mulat ranu | wanci manjing Asar wêktunipun | samya raryan anèng satêpining warih | rêsik kanan kèrinipunkeringipun. | madhas amêlatar atos ||

4. Nulya samya awulu | wusnya kadas sunat ngangkat pêrlu | Ngasar Jayèngrêsmi ingkang angimami | antara dènnira wêktu | bakda sêsalaman gupoh ||

5. Ki Nuripin abikut | anguculi gêgendhonganipun | amêmangan juwadah jênang ngacêmil | gêdhang myang jambu kêluthuk | tela-gantung kêtan komoh ||

--- 9 : 92 ---

6. Ngling sarwi nyamuk-nyamuk | wawi kang Wanalela won nganggur | punapi ta kakang kang (n)dika karêpi | nauri suwawi ngriku | sampun mawi walang-atos ||

7. Ki Kulawirya (n)dulu | mring Nuripin asru dènnya muwus | ambakna wong kongsi angudubilahi | dêstun wong tan nganggo nêbut | mêrêm bae andrêwolo ||

8. Pilang-pilang untumu | nora rampal kanggo gugut-gugut | gulu wêtêng tan ana ciyute kêdhik | wis kaya bagor auntu | atine murka (m)bêdadhog ||mbêbadhog.

9. Tan etung patut saru | mung sok olèha jabloganipun | Ki Nuripin enak-enak angucêmil | dinukan nora rinungu | sarwi mlengos thêmal-thêmil ||

10. Grundêlan ririh muwus | adat têmên bêtah agumrumung | rina wêngi tan ana luwasing gêtih | kêmba duka ala nganggur | thuk mênênga bae ingong ||

11. E nora kègah-kèguh | ngenak-enak dènnira amuluk | yèn tumrapa layangan sinthinge bot-sih | mèncèng tali gocinipun | oling wang-wêng kudu asrog ||

12. Jèngrêsmi ngandika rum | pira-pira ana kang pinuluk | dadya kuwat lakune tan kari-kari | Nuripin lêga tyas ngrungu | mênêng pêmamahe aso ||

13. Prandene brêkatipun | kalong sêparo pangananipun | Jayèngrêsmi dènnira wêcana aris | lah suwawi paman laju | watos mênawi kêdalon ||

14. Kang paman lon amuwus | lah ya payo sinêngka ing laku | nulya samya umangkat sêdayanèki | mêngetan atut lulungur | tumurun ing lèpèn anjog ||

15. Embag sabinan ngalur | mêmbal-mêmbal êmbêle amêmbut | ingaranan êmbêl Dhaga§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / Daga / . Ing pada 27 lan 28 Pupuh punika kasêbut / Taga /. kang sinabin | nampak ing galêngan ulur | mêmbut galêngan mêndhêlong ||

--- 9 : 93 ---

16. Wanalela nèng ngayun | Jayèngrêsmi Jayèngraga ing pungkur |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / Jèngraga /. runtung Kulawirya Nuripin nèng buri | galêngane mêndul-mêndul | Nuripin gumuyu anon ||

17. Amuwus (ng)guyu-(ng)guyu | priye kiye dene mêmbat-mêmbut | ngulêr-kilan galêngan cinikan sikil | datan pitaya lumaku | bilah tyasku grago-grago ||

18. Kulawirya gumuyu | mandhêg anjongok dènnya lumaku | Ki Nuripin tan wruh lamun dèn-adhangi | numbuk bêg bêbokongipun | Ki Kulawirya agupoh ||

19. Ih lho wong apa iku | lumaku nèng êmbêl numbuk-numbuk | jinorogên Nuripin kasingsal saking | galêngan tiba kêblusuk | ing êmbêl blês kalêlêb jro ||

20. Gendhongane rinêbut | mring Ki Kulawirya wus karêbut | Ki Nuripin kêmbêl tês cangklakanèki | tangane gêndholan kukuh | ing galêngan bêngak-bêngok ||

21. Samya age lumaku | tan kêna dèn-nêngi galênganipun |Lebih satu suku kata: tan kêna dèn-nêngi galêngipun. gêgancangan nulya praptèng dhahas aglis | ngawirya myat agêgêtun | Ki Nuripin gêmbar-gêmbor ||

22. Ki Wanalela gupuh | nulungi mring Nuripin kêcêmplung | anèng ngêmbêl anangis tan bisa osik | tinarik tanganira sru | anyêkèkal lir mêncolot ||

23. Ngancik galênganipun | kalumut awake gêlaprut (n)dhut | kinèn gancang lumakwèng galêngan aglis | ngathêthêr wrat badanipun | (m)brêbêl luh ulate cêlom ||

24. Jèngrêsmi wlas andulu | Jayèngraga asuka gumuyu | Kulawirya alatah-latah sarya ngling | Nuripin dene abagus | lir kucingan jênang dodol ||

25. Ulate kaya dhadhu | koproh mèmpêr jago disêpuluh | Ki Nuripin mèwèk-mèwèk maleroki | Ki Wirya saya gumuyu | uwe cangkême amelot ||

26. Jèngraga angling muwus | paran ta jêro êmbêle mau | matur inggih lêbêtipun anglangkungi | tan paja kandhas ing suku |

--- 9 : 94 ---

thawe-thawe mêksih ngongkong ||

27. Wanalela gumuyu | yèn êmbagpun Taga (ng)gih puniku | sajêge tan ginarap kêbo sapi |§ Kirang sawanda, prayoginipun / ginarap ing /. inggih saking lêbêtipun | yèn ngocal rinawut bandhol ||

28. Yèn dêrêp nunggang lêsung | cènèng-cinènèng lan rowangipun | nanging pênêd pantunipun anglangkungi | tulus èsèl muncèr landhung | pun êmbag Taga kinaot ||

29. Jèngrêsmi ngandika rum | têlatèn tan ana wigihipun | iya dening rêbut pakolihing melik | lan êndi ta ana ranu | Nuripin bèn mari glaprot ||

30. Wanalela umatur | inggih mangke ing ngajêng puniku | wontên lèpèn-lèpèn dênta langkung wêning | ing Gaga-kalang lèripun | wus cêlak tan pati adoh ||

31. Anulya sami laju | Wanalela kinèn (ng)gendhong munjung | lumangkah ing gêgênêng tumurun iring | Ki Nuripin lampahipun | anggadibêl boting blêthok ||

32. Ki Wirya ngling dèn-gupuh | borèh blêthok bae adol bagus | (n)dadak lêntrêng-lêntrêng lir pêngantèn prapti | Nuripin mlerok gumuyu | ih ing dhasar pyayi bancol ||

33. Wong saking boting ngêndhut | dèn-ranni lêntrêng-lêntrêng dol bagus | yata kang lumampah dungkap wana napis | Gaga-kalang wastanipun | ing Gaga-kalang mêngalor ||

34. Pèrèng kali tumurun | Jèngrêsmi ngling Nuripin sirèku | lah adusa sadhela ingong êntèni | kang liningan sigra adus | jarite sigra winasoh ||

35. RênikRêsik. pangumbahipun | pinuntiran mrih glis akingipun | sruwal bêbêd sabuk kulambinirèki | malêm nulya salin gupuh | mung malêm klambi inganggo ||

36. Alaju lampahipun | wanci andhap surya nawang lambung | kawistara ron kitri sèsining wukir | amuyêg brambanganipun | sri kityardi tumrun ayom ||

--- 9 : 95 ---

541. Sinom

1. Yata wau kang lumampah | Jayèngrêsmi Jayèngragi | katri lawan Kulawirya | lan santrinira kêkalih | nètèr nêngka ring wukir | kathah srining kang dinulu | wêwalêran gugulan | pala-kasimpar ngêmohi | pinggir marga pinarikan têbu krêsna ||

2. Pinadha dhapuranira | anggamêng lir rajêg-wêsi | lonjorane nyêlawe prah | arêsik kêlangkung langking | ambanjêng kanan kering | binèngkètan ron kinayut | rampak lir kêmbang mayang | kinalèn turut pipinggir | pinagêran prumpung inganam risigan ||

3. Simparan kang pisang raja | sêpêt kidang mas bêcici | saba kusta garaita | byok pulut ambon lan jambi | kaluthuk sukun bêsi | raja pandhak lawan gabu | byar misah maraseba | sêdaya mêpêg mawarni | jêjanganan tuwin ingkang sêsêkaran ||

4. Samya rinakit tinata | tan wowor sabilik-bilik | sabat samya wismèng ngarga | kêkampungan alit-alit | yata kang amartapi | sira Ki Sèh Sidalaku | akèn ngrukti gêlaran | wruh badhe têtamu prapti | kinèn rakit sugata sêkul panganan ||

5. Pra ngawirya gya tumama | ring pêlataranirèki | agupuh Ki Wanalela | umarêg marang sang yogi | pinêthuk sabat kalih | Pakuraga arannipun | kalawan Pakujiwa | andika wontên punapi | Wanalela mojar lah rika matura ||

6. Sarwi ajarwa mulanya | kang sinung-ling wus mangêrti | Pakujiwa Pakuraga | umatur ingkang palinggih | punika wontên janmi | pajujugan saking Tajug | inggih pun Wanalela | kang nguntapakên mariki | sira Ki Sèh Sidalaku lon lingira ||

7. Lah aturana dèn-enggal | Ki Pakujiwa glis mijil | kang martamu ingaturan | Wanalela anèng ngarsi | wus kèrit sêdayèki | sigra Ki Sèh Sidalaku | angancarani lênggah | suwawi andika linggih | sarwi winor ing guyu mêmanis sabda ||

8. Agêpah ingkang cinaran | alênggah ing salu pranti | Jèngrêsmi nulya sung salam | linawan agênti-gênti | sawuse tata sami | Ki Sidalaku amuwus | saking tambêt pun bapa | ing pundi sêsanèng wingking | lawan sintên ingkang pinuja ing krama ||

--- 9 : 96 ---

9. Ing pundi kasêdyèng karsa | Jayèngrêsmi nor wêcana ris |Lebih satu suku kata: Jèngrêsmi nor wêcana ris. kiyai tanyèng kawula | ing krajan Wanamartèki | pinarab Jayèngrêsmi | apan (n)Jêng Kiyai Guru | Bayi Panurta ingkang | ayoga marang ing mami | de puniki ri-kula ran Jayèngraga ||

10. Satunggilipun pun paman | wragilipun (n)jêng kiyai | lampah musakat tirakat | apan sêdya angulati | sêdhèrèk lêlana nis | sananing nis dèrèng têmtu | mila samya angrarah | umahas ing wana wukir | lamun antuk titik anèng pasimparan ||

11. Ki Sidalaku tumêrang | myarsa kêdale Jèngrêsmi | anuduh mring sabatira | kinèn nugatèng têtami | gupuh ingkang tinuding | mijilkên pawohanipun | tumpêr kalobot mênyan | dawêgan myang wedang jai | cinarakkên punika jampi katoran ||

12. Jayèngrêsmi Jayèngraga | katri Ki Kulawiryèki | pra samya nginum dawêgan | myang wedang jae gula rin | anginang udud linting | Ki Sèh Sidalaku muwus | jawènipun anakmas | putrane Ki Guru Bayi | Panurta kang kêrajan ing Wanamarta ||

13. Kêlangkung kèngêtan ing tyas | ramandika duk ing nguni | duk anom golongan-ingwang | wong sêsanga sèka kapti | samya mulana ngaji | ramandika parabipun | duk nèm Mas Arundaya | Carik-sutra Arsèng-budi | Carik-mudha manira ran Wargasastra ||

14. Kanêm Kidang Wiracapa | Malarsipta Ekawardi | sanga Datuk Danumaya | ing mangkya mêncar atêbih | samya nakdi pribadi | tan wontên têmu tinêmu | wus maklum ingajaran | ing mangke dipun-wakili | putrane lan sêdhèrèke Mas Rundaya ||

15. Ngong langkung sukur ing Suksma | suka rênaning tyas-mami | tan pae pangguh alawan | kakang Rundaya mitra sih | marang andika sami | adya pae ing pangrêngkuh | kawula lan ramanta | wong nunggil saliring kapti | ing panganggêp mring sun ywa bineda-beda ||

16. Samya tumungkul nor-raga | kang liningan ngawirya tri | nadesêm èsmu lêjar tyas | kados botên pati-pati | lan rakanta (n)jêng kyai | sami ugi ing pasukur | ingalaping pamulang | paduka maring ing mami | Ki Sèh Sidalaku rêsê ing§ Prayoginipun / rêsêp /. driyanya ||

--- 9 : 97 ---

17. Alon dènnya awêcana | sêlot-sêlote ring ratri | (ng)gih sami awirayatan | arêbat wêktu kariyin | sêdhêng asalat Mahrib | lah sêwawi maring tajug | nulya samya umêdal | samya ngambil toyastuti | manjing surup sêdaya sami asalat ||

18. Ing Mahrib praptaning Ngisa | ing wisma sampun sêsaji | kang pasunggata sangkêpan | sêkul panganan mawarni | anèng salu miranti | yata kang salat bakda wus | mudhun saking ing langgar | praptèng wisma tata linggih | Pakujiwa naosakên pasugata ||

19. Samya lanangan sadaya | kang ngladèni tan na èstri | wus samêkta anèng ngarsa | Ki Sèh Sidalaku angling | wawi sami wêwanting | sawontêne anèng gunung | maklumipun anakmas | sarèhning sêpi tan èstri | tan parigêl pangulahing pasugata ||

20. Ambungkuk ingkang liningan | sarêng dènnira wiwijik | adan lêkas samya nadhah | Ki Sèh datan kêmbul bukti | namung sairis uwi | lêgi pala kang pinuluk | ingkang samya anadhah | rampadan ulam mawarni | parandene gêrago panadhahira ||

21. Datan antara dènnira | anutug dènnira bukti | samya atuturuh asta | ambêng linorod cinarik | pinaringkên Nuripin | lan Wanalela sêdarum | Ki Nuripin ajênak | mangan enak iwak pitik | mêksih wutuh tan pati kèh kalongira ||

22. Pan wus samya aluwaran | ingundur mring kang ngladèni | mangsêgan tinatèng ngarsa | pisang gêng nangka kuwèni | dhuwêt lan duryan manggis | sêmangka kêrai timun | sêmak têbu kêrêtan | talês myang uwi gêmbili | grit ampo brêm sinantên juwadah kilang ||

23. Ki Sidalaku ris nabda | sumangga pamangsêg bukti | simambisinambi. lan rêraosan | kang ingancaran nuwun sih | arum wijiling angling | adhuh babo wong abagus | kêna ciptaning jana | tirakat angèl winardi | kêdah nglingling sawirasaning karosan ||§ Prayoginipun / korasan /.

24. Nadyan pratisthèng asimpar | yèn tan wruh sawadyakaning | ngasêpi yèku supaya | waluya satêmahnèki | mahawèng wana wukir | kèh crita drigamèng ngênu | linalin têkèng lena | linabahan ing kêrsèki | sang inastu tita tan antara mangsa ||

--- 9 : 98 ---

25. Puniku kêdah kadriya | owêl lampah kang kawuri | anta wus pratambèng thika | citrastra Jawa Rab ramping | lir sêlaba kasilib | tinilib§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / tar nilib /. tumamèng apyu | ring mitra tan§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / tang /. susesa | yoga imiriba yêkti | nugrahanta akupu Sèh Amongraga ||

26. Angganira wus nugraha | yèn wèh tilasing nagari | rinêksa ing Widi dhustha | mamrih usaping kêdadin | Ngèksiganda dènnya wit | akarya wêkasanipun | pralambanging ngagêsang | dening padudon (m)bawani | ing sabumi-bumi saha rêbat basa ||

27. Amiwal sêmune padha | pandhita pandhingan dhiri | kang anèng wana Wulusan | lyan takang§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / lyan tekang /. anèng prajèki | Kae Sèh Amongragi | kasara saru sinêru§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / sinêrtu /. | trêtangtu patêmbaya | -nira (n)Jêng Sultan Mêntawis | kawistara pêlayaran ing Tunjung-bang ||

28. Saeka sarane kana | sarkara rupa lan manis | tan kingangkenging. pinisahêna | tunggal jatining êning nis | lir trênggana lan sasi | ing jaman kêjatinipun | puniku pipingitan | tan kenging winardêngangling | sabab kang wus mustabik ing kêlanggêngan ||

29. Wau kang para ngawirya | karênan tyasira rujit | jatmika tan paja muga | wing wing ramping pinalimping | micarèng jroning ngati | sênyata Ki Sidalaku | pranjana mardi basa | lukita praciptèng§ Prayoginipun / prasiptèng /. wangsit | sasmitanya anjuru-dêmung ing sastra ||

542. Jurudêmung

1. Mêngkana ciptaning nala | nalika winangwèng wuwus | marang Ki Sèh Sidalaku | kathah kêcathêt ing driya | tan inang lêlèjêmipun | ing wanci wus sirêp janma | Ki Sidalaku amuwus ||

2. Lamun pinarêng ing kêrsa | prayogi ninis umêtu | mring jawi ngayêng (n)dudulu | sêdhêng purnama trang wulan | wukir lit sawawratipun | kathah tilasing pratapan | kang wau duk kinanipun ||

--- 9 : 99 ---

3. Têksih dêlasan samangkya | pan prêtapan kathahipun | pitung-dasa langkung pitu | nèng Pandhangeyan§ Prayoginipun / Pakujiwa /. sêdaya | kang sinamuda nèng wuwus | kêlangkung dhangan tyasira | (n)dan samya mijil tumutur ||

4. Jayèngrêsmi Jayèngraga | katri Kulawiryèku |Kurang satu suku kata: katri Ki Kulawiryèku. kapat Ki Sèh Sidalaku | Nuripin lan Wanalela | anèng wisma samya kantun | yata kang nitik pêtapan | ngalèr mring guwa tumurun ||

5. Guwa Sêntor namanira | tumêdhak prapta ing ngriku | wontên gigilang sela lus | kêkalih sami warninya | jèjèr ngalèr ujuripun | lambe guwa aundhakan | ngampat jro nunjêm anyumur ||

6. Antara jro satirisan | kathah guguthêganipun | anjêrambah ombèr samun | cêlowokan jojromahan | apêpagan sungsun-sungsun | Ki Pakuwirya§ Prayoginipun / Pakujiwa /. tumujwa | sumusul ambêkta sumbu ||

7. Prapta sajronirèng guwa | sêdaya samya kêdulu | pasang rakit ronganipun | kang kilèn lawan kang wetan | rolas sisih tigang sungsun | sêtundha patang paguwan | pan sêlawe prah sêdarum ||

8. Salu sela warna-warna | kang langking pita bang sambur | miwah kang seta kang dadu | saênggènne beda-beda | aluring guwa sih laju | Ki Sidalaku anabda | punika têrusanipun ||

9. Guwa Pêdhali ing ngrika | aluring guwa lir kêluh | ngawirya tri andudulu | pangro kadya patilaman | lawang pipi pinatra lung | tan sami mawarna-warna | cêplokan myang patra gêmpur ||

10. Kang sinimbar wis walêran | anulya Ki Sidalaku | dinuga wus samya nutug | dènnya myat rakit pêtaman | Ki Sèh alon dènnya muwus | suwawi samya umêdal | kang liningan atut pungkur ||

11. Angayêng mring Pasimparan | lêlêmpèng lêngkonging gunung | kèh titilasing panungku | tan pati doh antaranya | prêtapan sawijinipun | beda-beda ujurira | kang malang uloning gunung ||

12. Kang angègos kang sumungsang | kang kêdhok miwah mêndhukul | kang karang curi pêparung | ingkang miring miwah lêmpar | pan akathah warninipun | tinaman kabèh jinajah | anulya samya umantuk ||

--- 9 : 100 ---

13. Mring wisma alêlênggahan | mêksih sinaji ing salu | nyamikan sangkêp nèng ngayun | Ki Sèh Sidalaku nabda | suwawi nakmas ing ngriku | sayah ngayêngi pêtapan | agupuh kang sinung wuwus ||

14. Samya sambèn nyênyamikan | angambil sasênêngipun | Jèngrêsmi pêtanyanipun | kawula nyuwun pêpajar | ingkang patilasan wau | sapa sintên kang atilas | Ki Sèh Sidalaku muwus ||

15. Guwa pun Sêntor punika | inggih pasênêtanipun | nyai gêng Jênangan nêngguh | sang Raja-pandhita Rara | Kilisuci kadang prabu | lamun nêgês pamêlêngan | ing ngriku pratandhanipun ||

16. Ing Sêntor minangka wisma | dene paninisanipun | punika pupucak gunung | namung kalih (ng)gèn punika | dhepoke sang Kili wiku | tan usah mawi ngaturan | mring Gêgêlang sang aprabu ||

17. Lamun wontên kêrsa raja | pêndhita rara sampun wruh | sakêdhap praptèng kêdhatun | Jayèngrêsmi malih tanya | ingkang sêdaya puniku | punapinggih tunggilira | angling Ki Sèh Sidalaku ||

18. De prêtapan sêdayanya | kêladuk jaman Tumênggung | Klanajaya-kusumèku | mangun prang arsa ambêdhah | marang nêgari ing Wangsul | sêkadang kadeyanira | samya nunungku sadarum ||

19. Nèng ngrikyardi Padhangeyan | denèng§ Prayoginipun / dene /. sang adi tumênggung | nèng guwa Sêntor sumungku | lan kadang kang pinitayan | pêndhita rara kukuwu | anèng jro purèng Gêgêlang | amucung lawan sang prabu ||

543. PocungTeks asli: Pucung.

1. Sakêlangkung nêkung sang adi tumênggung | anèng Sêntor guwa | mrih pungkas mamrêping jurit | sêgotra bipraya sêkadeyanira ||

2. Anjêjungkung nèng Padhangeyan puniku | nênêdhèng Hyang Suksma | soripun ni prabwèng Bali | iyêg sabiyantu pra prawira tapa ||

--- 9 : 101 ---

3. Anèng gunung jinurung ing Bêthara gung | pamintaning kêrsa | sang Kêlana-adi Panji | aprang lêmbut winaskithèng astha-brata ||

4. Wasistha nung nanggulang nungkul ing mungsuh | pakarti sampeka | pramodèng rèh marasandi | amigêna prang rêpit mangendrajala ||

5. Kilating syu satru kala mêjêng ripu | winug ing pêlagan | lêgawèng pagut sasiki | suka pahêming pahuman tumamama ||

6. Lan sang prabu ing Bali adi tumênggung | pajiwa§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / majiwa /. jatawa(?) | ningit lukiting pangaksi | ri sang adi Kêlana Jayakusuma ||

7. Ing pandulu tar liput lêbêting Galuh | winarga piluta | luntur nor angganira ris | nir prabawaning Prabu Jayalêngkara ||

8. Tanpa kiwul kêpapal kawal anungkul | puput sumawita | bêdhahe nêgara Bali | balilaning bêlaka balèng Gêgêlang ||

9. Ki tumênggung agung gêganjaranipun | nampani sih nata | punika gogotèknèki | jayaning prang dhêdhepok nèng Padhangeyan ||

10. Milanipun kathah prêtapan ing ngriku | Ki Putra Jênggala | winongwong ing Bêthara di | binayantu rêmpêg ing para kadeyan ||

11. Satriya nung sang Dipati Marabangun | prawira ring laga | tan ngandêlakên kawanin | tuwin gunging prajurit sêntananira ||

12. Prandenipun taksih angangge manêkung | pangèsthining pudya | sêdya wus lawan pribadi | tur puniku tabiyat agama Buda ||

13. Tan têkabur prasendhe ihtiyaripun | tinarimèng Suksma | rampunga pakartèng kalbi | tyasnya purna anèng guwa Padhangeyan ||

14. Alon matur Jayèngrêsmi mring sang wiku | (ng)gih ta lah punika | dhaupe kadi punêndi | lawan ngèlmi sarak lan agama Buda ||

15. Lingira rum sira Ki Sèh Sidalaku | dhaupe punika | lan sarak Rasulullahi | kêdah nokitkên Kadising pra ambiya ||

16. Tekadipun munajad marang Hyang Agung | pêmapaning ikram | mikrad munajad tubadin | pratanda lantaran wêktuning mukjijad ||

17. Wus têrtêmtu manungsa kang bangsa luhur | punjul ing tumitah | wontên antaraning budi | pênggayuhing marêk pangayunaning Hyang ||

--- 9 : 102 ---

18. Anrang kalbu nuksma mor pênêgêsipun | mènèti kêlarat | ulah pambukaning takdir | tan ngopèni jangkah pratingkahe badan ||

19. Mung anjangkung jangkaning Hyang Kang Maha Gung | pae lan bangsandhap | tan ketang utamèng budi | namung jangkah ngangkah kêconggahing manah ||

20. Tan angetung jangka sasmitaning wahyu | pangayudaning Hyang | bangsa (n)dhap tan wruh ing takdir | tar wrèng budi namung badan kinawruhan ||

21. Kawruhipun tar wor ingkang bangsa luhur | têlênging tyas tama | tumama maring kêdadin | kang utama tansah brangtanirèng Suksma ||

544. Asmaradana

1. Wong kang prawirèng§ Prayoginipun / prawira /. ing budi | tan mèngèng paningalira | sura lêgawèng patine | saking kumandêling Suksma | wus amisesa badan | kang budi widadya§ Prayoginipun / widagdya /. lubungluhung. | nunggal kêrsaning Hyang Suksma ||

2. Kawimbuhan ing Hyang Widi | pêpêsthèn kang winaskitha | tan jumangkah lamun dèrèng | tumindak têkdiring jangka | dadya wruh ing wêkasan | mangsaning sèstu lan uwuk | kang winawas sajroning tyas ||

3. Babagan kalih prakawis | kang luhur kêlawan andhap | pandum budi lan badanne | wus pae paekanira | kabubruh anrang cipta§ Prayoginipun / kabubuhan nrang sipta /. | kang bangsa badan akudu | sarat takiyar prantinya ||

4. Punika dhauping ngèlmi | agami Buda lan sarak | tandha ahli kaluhure | munajad lawan mumuja | sami bangsa Pangeran | tan kêna sor kulanipun | wus wasis ing kawaspadan ||

5. Kêrana sang adi Panji | kêrtarta Ino Koripan | tan rêkasèng rèh palugon | anthang pamrêp mring soring prang | wijayèng surèng rana | angimpun ngincum§ Prayoginipun / ngincupa /. para rum | rampas rarasing asmara ||

--- 9 : 103 ---

6. Katêmbèn têmbayaning sih | kênya kênyaring karsikan | katrêsan suh sutrêsnane | kumambêg nor manoara | juwêt mangajab-ajab | hyan ring sang adi tumênggung | mèsi pahyasing wanita ||

7. Tan pae lan kang wus mukik | mustakik mungguhing Allah | oliya gosul ngalame | kinadar wayasirlika | amrih§ Prayoginipun / amri /. mahdud ngudatan | bili sami la yap kabu | paholanasran ngajijan ||

8. Tan wontên pakèwêdnèki | palaling pênggawenira | wus tan ana bubundhêle | sinung gampang ing pangucap | datan ming-kalih sabda | pitulung kamulyanipun | karaton jaman akirat ||

9. Misèsèng rahmating akir | mêngko pintên-pintên nikmat | datan wontên tontondhene | anjawi ingkang kadyèka | kang sinung ramhat Allah | puniku sèstu linuhung | kang abangsa kêluhuran ||

10. Sujana lan ngulama di | ratu kalawan pandhita | apan tunggil babagane | ratu rahmating bawana | marsi rahmat akerat | rahmating ratu yèn èstu | têmtu tumêkèng akerat ||

11. Rahmat pandhita yèn yêkti | têmtu tumêrah ing dunya | kang ro puniku tan pae | kabir sahir kabibolah | kalipan bakdallulah | ratu sinung kuwasèku | akarya mulyaning bala ||

12. Rêsi sinung kuwasèki | karya sampurna ing sabat | sabat kang sampun sinung sèh§ Prayoginipun / rèh /. | Hyang Suksma akarya titah | pan kinarya kalipah | ratu pangadilanipun | sakèhing kaulyaning Hyang ||

13. Pandhita ngapalkên ngèlmi | kang sulih mulang supaya | eling yèn kinarya§ Prayoginipun / kinaryèng /. Manon | urip wêkasan pêjah |Kurang satu suku kata: urip wêkasane pêjah. mila kita punika | anguluri§ Prayoginipun / angluluri /. kang wus luhur | supaya tunggil babagan ||

14. Jayèngrêsmi Jayèngragi | katri lan Ki Kulawirya | karênan miyarsa linge | ramping patitising sabda | sira Ki Wargasastra | kang parap Sèh Sidalaku | aprama-kawi ngulama ||

15. Pantês linêkêt ing asih | mring wong agung wiryèng praja | kang lukita ring sastra rèh | tan akuciwèng wacana | salirning bangsa bantas | Ki Kulawirya amuwus | alon mring Ki Wargasastra ||

--- 9 : 104 ---

16. Ngong tanya kakang Kiyai | mênggah srat Paniti-sastra | inggih punapa pedahe | nauri Ki Wargasastra | puniku panêngêran | ing ngèlmi ingkang kadulu | dora lan sêmbadanira ||

17. Agamêl thika ginusthi | mètnirèng kata tang wuryan | kirtya ring pustakeng jarwe | dhan têkang§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / teki /. purwakèng lêkas | yan janma ta tar wikan | nêngguh ring subasitèku | yeka mudha punggung rannya ||

18. Lwirning mudha bodho yêkti | têgêsing punggung pan punggal§ Prayoginipun / pugal /. | wong kang asor pêmilihe | lir sêlusup ing pawuhan | solahe têmah nistha | amêrusul dhawul-dhawul | dadya paguywaning janma ||

19. Tangèh lukita ing bangkit | kalulut ing ina papa | kêrasan dadya cêmporèt | Ki Kulawirya alatah | myang putra kalihira | karênan suka gumuyu | liringan sasmitèng prana ||

20. Ki Wirya malih tanya ris | lajêngipun ingkang murat | Ki Wargasastra wuwuse | murate kang subasita | kang dhingin sila-krama | tar wang basa krama nêngguh | sila lungguh kang prayoga ||

21. Krama wuwus ingkang manis | lir palungguhan |Kurang tiga suku kata: lir palungguhan isthanya. dèn-pênêd mungguh tatane | kadi ta wong ambêndara | lawan wong ambaturan | miwah sapêpadhanipun | sor luhur sayêkti beda ||

22. Krama jênênging nrêpati | akarya titining bala | bala tan winênang kabèh | anêrak nitining nata | kang sampun winalêran | wêwalêr sor lawan luhur | patrap pangulahing praja ||

23. Saurutira kadyèki | praja desa myang urakan | tan kêna carup salire | yèn ing jaman tan wikan |Kurang satu suku kata: yèn ing jaman datan wikan. subasita prêsasat | ingaran nora wêruh |Kurang satu suku kata: ingaranan nora wêruh. arasa kang nêm prakara ||

24. Kêcut pait pêdhês asin | sêpêd manis kang sad-rasa | lir wong tan nginang pamine | nèng palungguhan ing kathah | kucêm seta lathinya | ingkang mêkatên puniku | yèn wontên rêrasan sastra ||

25. Arsa ngucap nora bangkit | mênêng mukanira kadya | lènging guwa pêlongone | lêgêg-lêgêg lir gupala | mêmêdèni sinawang | mulêlêng angunggut-unggut | awêsana butêng ing tyas ||

--- 9 : 105 ---

26. Samya gumuyu miyarsi | tamu tri rêsêp ing driya | Ki Wargasastra sojare | mêkatên malih bab wisa | wisane wong anêmbah | ngabêkti marang Hyang Agung | rinewang crobo tyasira ||

27. Kêthu nêlutuh ing kapti | dadya rêgêd tanpa iman | pan ilang pangabêktine | yêkti datan katarima | pujine lir talutak | kêkorak salaminipun | sêsawi wawêdi sawah ||

28. Jèngrêsmi suka miyarsi | murading Paniti-sastra | Jèngraga Kulawiryane | sarêng gumujêng alatah | guyune ngaya-aya | ragi kêraos ing kalbu | sinamun suka miyarsa ||

29. Dènnya gumuyu Nuripin | angênthêt-ênthêt kêduga | Jèngraga mèsêm anolèh | Ki Wirya gumuyu mojar | e e Ripin guyunya | dudu guyu mèlu payu | kaya guyu sèjèseje. ada ||

30. Mèsêm ngacêmut Nuripin | (n)jêng kyai dènnya ngandika | mawi lir sawi sawahe | Ki Wirya ngling o ah ora | yèn kaya ujarira | inggih ing sayêktosipun | kèngêtan duk kêmlaratan ||

31. Ki Kulawirya nudingi | ya ya Nuripin sidakna | sarwi anêcêg mangwane | rokok kêlobot minênyan | sinamur gugujêngan | dèn-slênthik bêr mawanipun | tibèng pangkon tan nglêgewa ||

32. Nuripin anolih-nolih | ngiwa nêngên wuri ngarsi | mambu nyamu bêkas-bêkès | tumingal kukus kêbulan | mawa amblês bêbêdnya | nètèsi konthol anjêpluk | ngadêg kikirap kumrèngkang ||

33. Ingusêg gêni wus mati | jinèrèng bêbêd klambinya | ting cêromplong samya bolong | Ki Nuripin gêrundêlan | gumuyu kang tumingal | Ki Kulawirya ris matur | dos-pundi lajênge kakang ||

34. Ki Wargasastra ngling aris | janma kang tan darbe arta | tuna bae saujare | saguh têmên têmah cidra | tan ana kêdadeyan | dadya wisa badanipun | dènnya saking tan katêkan ||

35. Barang karêpe tan dadi | kadi ta ingkang pêrawan | kang dadya wisa awake | yèn kongsi kraraban uwan | yêkti kang samya mulat | sêdaya ewa andulu | tan ana rêsêping manah ||

36. Yèn ta angalapa krama | kèh lumuh kalungsèng mangsa | nora suwawi karêpe | dèn§ Prayoginipun / de /. kang aran janmadika | ingkang ngrêsêpi manah | mring sarowangira lungguh | datan ka-êntèn wacana ||

--- 9 : 106 ---

37. Kang tansah dènnya dudugi | marang sanityaning janma | tan pinurikan dening wong | tan susah kasrambèng rucah | angrêsi tyas sujana | kêlawan bisa mêmungu | ing kuwanènaning janma ||

38. Ing rèh pangulahing jurit | mumpuni ambêning ujar | tan ana rêngat tyasing wong | sakèhing janma karênan | samya angalêmbana | lan malih sayogyanipun | kakung yèn parêk wanodya ||

39. Garwa atanapi sêlir | anggung ngrasanana raras | rum-ruming pamrêmaning§ Prayoginipun / paprêmaning /. don | sabda lus kang manoara | mrih luntur tan alpèng tyas | ywan lunggyan lèn pandhita nung | yogya yun patanya tama ||

40. Sojaring kasinggihan sih | trusing kawruh ka-awêran | ring panêmbah kêjatène | lamun wêktune pêprangan | micara ing kawadyan | prihên suranya mring mungsuh | anduduk digdayaning prang ||

545. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Mungguh galaking sarpa lan mandinipun | kêna ilang wisanèki | saking japa-mantra nêngguh | galaking macan pan kenging | ilang dening japaning wong ||

2. Gajah mêta yêkti rubuh dening angkus | bênduning ratu pan kenging | lilih dening turing wadu | atur ingkang mupangati | atamsil lamun kêledhok ||§ Prayoginipun / kêladhon /.

3. Dadya lêjar sang ratu pan mari bêndu | têmah mijil sih mring dasih | pan amung nêpsuning mungsuh | mari-mari yèn wus mati | lan nêpsuning durjana-ndon ||

4. Nginggit-nginggit tan mari pangincimipun | dening japa lan mantrèki | sasat nyandhing ula dumung | sranduning dadya wisèki | luput nyêmbur tan wun-nyakot ||

5. Jayèngrêsmi Jèngraga Kulawiryèku | ngalênggêr dènnya yêktèni | saking kêsinggihanipun | tamsile wong ulah juti | kadi tan ana (m)bêrojol ||

--- 9 : 107 ---

6. Wus kacupan janma sapangulahipun | Paniti-sastra patitis | ngagêsang pratandhanipun | cihnane ala lan bêcik | Ki Wargasastra lingnya lon ||

7. Panêngraning wong bêcik awas nèng ngriku | ing pratingkah wijiling ngling | sêntosa sêmune ruruh | nastiti alus tur ririh | tan bêrabah ing wiraos ||

8. Ran pandhita sastra (ng)gènnya ing liripun | tan ngandhêg patanyèng janmi | janma kang susastra luhung | linadèn lan angenaki | ngalap hyun lamun miraos ||

9. Nuduhakên ring patanya mudha punggung | amadhangi tyas asêdhih | wruh wiramaning sastra gung | tan karya saking sêsami | anggung ngrêsêpkên tyasing wong ||

10. Ran pêndhita sastra (ng)gènnya kang puniku | lan malih janma kang sugih | arta kêncana sotyèku | nanging pênganggènirèki | busana tan pênêd tinon ||

11. Myang pangane tanpa rasa kang ingulu | tan wèwèh ing pêndhita di | wong kang mêkotên tan wêruh | nyana panjang tuwuhnèki | kêlawan malih wontên wong ||

12. Wus limpat ing sastra tur ta sampun wêruh | ing sa-kramaning negari | mangka lakune têka nut | mring durjana dadinèki | padha lan kang nora wêroh ||

13. Dènnya tanpa karya ing kabisanipun | sami lan kang nora bangkit | wontên wong wus tuwa pikun | tur dawa ngumurirèki | tan karêp ing bêcik kang wong ||

14. Kasudarman kasusastran nora ngingus | janma nistha ranirèki | tanpa karya uripipun | tan sami samaning janmi | sami lawan buron sato ||

15. Kang kalal enak pinangan dagingipun | padhaning wong kang kadyèki | de kang kaonang ing wuwus | cêndhala kawan prakawis | gadarba yèn ing buburon ||

16. Pêksi ingkang cêndhala dhandhang lan puyuh | lamun ta mungguh ing budi | ingkang kocap cêndhala dur | tan karêp pênggawe bêcik | tinggal bêkti ing Hyang Manon ||

--- 9 : 108 ---

17. Nguciwani mring pawong sanakirèku | angungkuli cêndhalèki | pêcat budine rahayu | tunggal babaganirèki | lan kang nistha sor pra awon ||

18. Wong miskin pan akèh-akèh bawanipun | mrih pakolih pangan pokil | lan mêngkanang malihipun | wong kang ala rupanèki | kèh tênagane mrih katon ||

19. Ing baguse yen wadon mrih katon ayu | lan janma tan anut maring | sawirasaning sastra gung | saujare sugal sêngkil | kawijilaning wong gopok ||

546. Mijil

1. Pra ngawirya karênan miyarsi | raosing wiraos | pancèning janma dèn-ucapake | tuwin sato pêksi salir kèksi | sadaya kayêkti | wuryaning pamuwus ||

2. Ki Kulawirya amuwus aris | mêkatên liring wong | dene tètès tan wontên gothange | kadipundi lajêngipun malih | Ki Wargasastrèki | alon dènnya muwus ||

3. Janma pawong-mitra aywa kadi | singa lan wana (n)don | samya rêksa-rinêksa dangune | lama-lama bêbangkèlan kapti | tan tulus ing kapti | sima wuwusipun ||

4. Alas yèn ta tan ana-a mami | dadi apa mêngko | tan urung yèn linêbur grumbule | andhang§ Prayoginipun / andang /. ngrêsula kanggonan mami | sang wana dènnya ngling | si sima puniku ||

5. Yèn ta aja sun-aling-alingi | kêtongton dening wong | mangsa wurunga rinujak§ Prayoginipun / rinusak /. mangke | sang singa gya tinggal sêsanèki | wana kang pêtêng writ | mring bêbanar laku ||

6. Anulya rinujak§ Prayoginipun / rinusak /. dening janmi | sang singa matyèng-(ng)gon | sapêjahe sang singa alase | binabad dening manungsèki |Kurang satu suku kata: binabadan dening manungsèki. wrêksa sima ênting | tinunggar§ Prayoginipun / tinugar /. tinunu ||

--- 9 : 109 ---

7. Dadya rusak sêkarone sami | lirnya kudon-kudon | alaning wong bangkolan karone | ing ngagêsang kêdah andarbèni | sarya§ Prayoginipun / sraya /. kang utami | pawong-mitra tuhu ||

8. Ingkang katon kaluwihanèki | kang tanggon katêmpoh | ati rowa duk sang naga gêdhe | binuru mring sang garudha pêksi | naga pinalêcit | dumadak katêmu ||

9. Lan Bathara Sramba lingira aris |Lebih satu suku kata: Lan Bathara Sramba lingira ris. èh naga sirèko | kapiyandêm lumayu marang ke | matur kularsa minangsa dening | sang akagapati | marmamba pukulun ||

10. Ulun lumajêng langkung dahat jrih | mring garudha anon | yang Bathara Sramba lon dêlinge | sirèku ta paran arsa urip | ingsun kang nulungi | sang naga umatur ||

11. Inggih amba minta tulung mamrih | gêsang karahayon | ngling Bathara Sramba lah sira ge | kumalunga jangga-ulun iki | naga gya mulêd ing | têngggêking dewa wus ||

12. Gya prapta sang garudha non maring | sang naga amanggon | nèng angganing sang wignya dewa-ngrèh | garudha nir krodhanira mêksih | arsa mangênjali | myat ring naga granggu ||

13. Yun tan nêmbah jrih ing bathara di | ila-ila ring sot | kewala nêmbah sing luhur bae | riwusnya nêmbah sang kaga-pati | mêsat sing ngarsaning | dewa kang palungguh ||

14. Kang puniku palupining janmi | saryotamèng§ Prayoginipun / srayatamèng /. tanggon | Jèngrêsmi mèsêm sasmitèng rine | miwah marang kang paman sarya ngling | jawènipun ugi | ngagêsang puniku ||

15. Wus cinupan ing sastra ngingkêti | pênêd lawan awon | tan bodho pra janma pênganggite | tan pai lan ngalim kang musanip | anêgêsi Dalil | Kadis minulya nung ||

16. Kang paman ngling kojahe kiyai | Wargasastra mèncok | mungguh lakwèng kauripan kiye | wus ginaris bênêr lawan sisip | ondhe mêlimpingi | janma di lan kumprung ||

17. Kadipundi malih kakang kyai | bab kang winiraos | Kae Wargasastra lon wuwuse | inggih wontên malih ondhenèki | kang kocap ing jilid | jawi jarwanipun ||

--- 9 : 110 ---

18. Tingkahing anak yogya manut ing | wong tuwane karo | lir ta bulus yèn ngêndhog mangsane | pinêndhêm tinilar aprandening | yèn wus nêtês sami | tiru ingkang sêpuh ||

19. Rupanira sadoyananèki | tiru bapa êmbok | sêsamine ulam pêksi kabèh | samya tiru wong tuwanirèki | sapari-bawèki | sadaya kadyèku ||

20. Yèn manungsa pan datan kadyèki | inganakkên wong ro | dinulang ing krama sêprandene | yèn wus tuwa tinggal solah-bawi | awiji pribadi | arang ingkang tiru ||

21. Anaking durjana kadhang dadi | pêndhita kinaot | kadhang anaking pêndhita gêdhe | dadya durjana julig ajuti | dene ta tan kadi | wong atuwanipun ||

22. Kang pêndhita aywa sah sêmadi | lawan dèn-akukoh | tapa-brangtanira kang pakolèh | mulyakkên ing nêgara sèstuning | tuhu pêndhita di | manuh ing sastra gung ||

23. Sawêlinging sastra dèn-kukuhi | budi karahayon | mungguh wong agung kautamane | ri kang arta busana lan rukmi | pèni-pèni tuwin | sêkul ulamipun ||

24. Yogya dinanakna maring dasih | palanya pyuh kèpon | angandhêmi ing saparentahe | rumêksèng praja kukuh ngabêkti | têkèng têpis-iring | mashur dana luhung ||

25. Mungguh wanodya kêlamun laki | palanyah§ Prayoginipun / palanya /. antuk ndon | anak lanang kang kêndêl wruh ing rèh | aywa kadya singa asisiwi | namung nyêpisani | mungguh busana nung ||

26. Kang linuwihakên ing janma di | apan amung dodod | lamun pangan kang linuwihake | ing brêmana pan puhaning sapi | tan amangan daging | alit milanipun ||

27. Sapi kang pinangan puhanèki | pan ingakên êmbok | mungguh sujana ingkang pinilèh | saringaning sabda kang linuwih | -akên mungguh èstri | gêmuhing pêmbayun ||

28. Yèn ing sastra kang minangka titih | tan lyan kang kinaot | wrêdining sang pêndhita wulange | krana sang pêndhita pakartèki | ingkang dèn-guyoni | anggulang sastra gung ||

--- 9 : 111 ---

29. Pituduhing sastra kang ginati | pan mênggal linakon | yèn mungguhing arta utamine | arta saking kaskaya pribadi | dadyaning artèki | saking yayahipun ||

30. Nisthaning arta yèn saking bibi | nistha-nisthaning sor | arta saking anak myang rabine | gêgawaning maratuwanèki | tamaning utami | yèn angsal arta gung ||

31. Jêjarahan saking mênang jurit | mrêp ripu amboyong | kasêbut digdaya mêsuwure | yèn mangun-prang ngangge pat prakawis | kang upaya sandi | maring madyanipun ||

32. Dhêndha pariksa apura tuwin | dana utamèng don | pangadêging prang lawan danane | yèn wus kêna ing upaya-sandi | kèngsêr mungsuhnèki | suraning balambyuk ||

33. Tingkahing prang ngatingalkên dening | wêwêdining mungsoh | tan kenging katon jrihira dhewe | kawruhan ing mungsuh myang wadyèki | têmah angêkêsi | mring rowang kang purun ||

34. Acawisa sabarang kang dadi | nangèkkên rowang wong | mamrih galak mring mungsuh pamrêpe | ywa nênantang amêmanas jurit | kang prayitnèng wèsthi | amawas ing mungsuh ||

35. Anganggeya mamedaning agni | sing kêparag gosong | mangguh pawong sanak mimitrane | kang linêwihakên ujar manis | andhèh§ Prayoginipun / andèh /. rumakêt sih | tan sêlayèng kahyun ||

36. Yèn ing satru tan ana ngluwihi | rêgêding tyasing wong | ingkang dadya satruning uripe | yèn ing sêktining sêjagad iki | datan angluwihi | pra jawata luhung ||

37. Yèn ing pêksi kang linuwih bêcik | namung pêksi beyo | bisa ngucap tur bagus rupane | munggyèstri kang linuwihkên sami | kang bêcik warnèki | kêpati-brata yu ||

38. Yèn lakine mati milu mati | pan asuduk laboh | myang kukuwu anèng pasetrane | praptèng pati datan arsèng laki | sasat mèlu mati | sumungku tyas tuhu ||

39. Punika kang ingaranan èstri | kêpati brata-ndhon | sêdya anut praptèng dêlahane | wus têrtamtu kang para prayogi | ngukuhi sojaring | sastra tyas kang luhur ||

--- 9 : 112 ---

40. Angungkuli sêkathahing janmi | kang tanpa sastra wong | marmane ta mêngkono sakèhe | sèsining rat kawistara dening | sastra amalêri | gurisaning tuwuh ||

547. GirisaTeks asli: Gurisa. Untuk konvensi Girisa biasanya guru lagu 'a', dengan jumlah wilangan 8 suku kata.

1. Jayèngrêsmi Jayèngraga | kêpapaèsan tyasira | tan ana nginang samêndhang | wuwuse Ki Wargasastra | Jèngrêsmi ngling mring rinira | wus tan kêna ingundhakan | murading Paniti-sastra | matur inggih kasinggihan ||

2. Ki Kulawirya lon mojar | turira mring Wargasastra | kadi-pundi wau kakang | kang mawi dunya punika | nistha madya lan utama | nistha saking anak garwa | madya pawèhing sudarma | mênggah donya saking randha ||

3. Punapinggih kalêbêta | dènnya mênang prang jarahan | Ki Warsgasastra ris nabda | kadi-pundi awitira | Ki Kulawirya asojar | inggih duk anèng ing marga | kula kabegal ing randha | rong dalu nèng pasipêngan ||

4. Randha pradhah sugih donya | kêlangkung kula ingêma | -êma ing randha punika | akathah pawèwèhira | pêrabot kêlawan arta | wawratipun dede kadang | awèwèh tan eman-eman | yèn ta lamun tinêksira ||

5. Pan pêngaos satus malah | malah kapara langkunga | mèsêm ngling Ki Wargasastra | wus uning lêlèjêmira | punika kang (n)dika pajar | tan pati mungguh dinawa | sumangga rinaos ing tyas | namung ta sakêdhik wênang ||

6. Tulak kalurating paran | dede pangkating utama | kang putra mèsêm kalihnya | Nuripin watuk kinarya | anolih Ki Kulawirya | ngling mèsêm mulêlêng mojar | iki bawaning wong apa | jêg watuk anyar-anyaran ||

7. Nuripin watir tyasira | kumrèngkang mêdal ing jaba | gumuyu sêdayanira | samya manggut paliringan | Ki Wuragil malih nabda | dhuh kakang Ki Wargasastra | dos-pundi lajênge kakang | wirayat Paniti-sastra ||

--- 9 : 113 ---

8. Kang tinanya ris ngandika | mawanti wêlinge sastra | angeman jaman taruna | kang bagus-bagus rupanya | owêl yèn tan wruh ing sastra | lire tan bisa mêmaca | nadyan bagus warnanira | kathah-a garwa artanya ||

9. Saroja-a kulawangsa | nadyan wasis ing gamêlan | janma kang mêngkana ika | surêm tan ana cahyanya | akucêm nèng pasamuwan | lir kêmbang têpus mêrbabang | nanging sêpi tanpa ganda | kadi ta kang janma tama ||

10. Kang dadya panêngranira | ing sêmu lantaping basa | alêping pasêmonira | sayêkti pênêd punika | kadya ta janma micara | ngaku krêp mangan sadina | tandha yèn lêmu badannya | yèn kuru sayêkti dora ||

11. Panêngraning sang pandhita | tandha nèng pangabêktinya | panggah ing sêmbah maring Hyang | lamun yèn mungguh kêlabang | wisane nèng sirahira | pan kenging lamun tinawa | kalajêngking wisanira | nèng buntut kening ngulapan ||

12. Wisaning sarpa siyungnya | ilang kêlawan tinawa | kang sami mandi-mandi ka | karuhan prênahing wisa | pan amung tiyang durjana | tan karuhan (ng)gyanning wisa | kêbêg sranduning badannya | tur datan kêna tinawa ||

13. Pan uwus pêngawak wisa | mungguh kasêktin winarna | sêktine rara yèn pêpak | yayah-rena kulawarga | raryanggung ngadi-adinya | nangis tinulung ngarihan | rinêksa ingêma-êma | sinungan sapênjaluknya ||

14. Sêktining ulam loh yèn ta | ajêmbar jro toyanira | sêktining pêksi yèn pêpak | êlare kuwat (ng)gêlawat | sêktining ratu kêlawan | pêpak wadyabalanira | anjênêngkên mantri-muka | sèstuning narendra dibya ||

15. Sang sujana aja mangan | wolung prakara lirira | têkèk bunglon kodhok ula | ulêr lalêr wraha sona | dadya nglarani sarira | ywa maido mring pandhita | dumadakan nêmu papa | aywa maido mring sastra ||

--- 9 : 114 ---

16. Dumadak manggih cintraka | ywa maido mring gurunta | dumadak cêpak patinya | lir panjang-putra tumiba | ring sela rêngkulu ambyar | datan kenging pinulihna | mêkatên mungguh pêndhita | tinggal rahayuning dina ||

17. Pot bêktinira ing Suksma | yêkti pêcat daulatnya | têmahan cêla cilaka | sang ratu yèn tan pariksa | myang lir palamartanira | yêkti katilar ing bala | lir têgal tan na sukêtnya | tan kambah ing sato kewan ||

18. Bêngawan kalamun asat | tan sinabèng pêksi rawa | wong kang sugih arta garwa | lamun mati tan ginawa | kantun nèng wisma udrasa | atiti waha têgêsnya | lir mèlu mati sêkala | dene datan§ Prayoginipun / dahat /. prihatinnya ||

19. Wus mêngkana arta garwa | akathah ing parannira | kalingane ing ngagêsang | ywa tungkul ulah susila | aniti-krama ing titah | arta mrih dadya sarana | wêragading karaharjan | sêlamêt donya dêlahan ||

20. Ing anom wêkasan tuwa | urip awêkasan pêjah | kang tuwuh mungguhing janma | kang abagus warnanira | sarta prayogi kulanya | pinilih marang narendra | utami ingkang susastra | ing pasêmon tan katiwang ||

21. Lawan kang para sujana | limpad sawêrdining sastra | ngrêsêpi tyas kang siniwa | bisa mung kêrsa mrayoga | pariksaning ratu tama | marang wadya tantranira | patang prakara lirira | dhihin trap susilanira ||

22. Ping ro ing kagunanira | kaping tri pakaryanira | kaping catur kêwanènnya | yèn mungguhing rukmi mangka | tri pariksa pan dinadar | ping ro ingobong dahana | ping tri tinugêl pinacal | sandining ratu yèn arsa ||

23. Ngêdohkên mêpakkên dadya | catur prakawis lirira | artèstri sura kabisan | cinobèstri anguciwa | cinoba kêwanènnira | tyas barèsèt angucira | cinobèng karya tan dadya | cinobarta anggigisan ||

--- 9 : 115 ---

24. Yèn sampun catur pariksa | tan sayoga winor lawan | pra janma kang pinitayan | yèn trahing sujana sêtya | tan mungguh mènggal binuwang | inganti catur pariksa | kang dhihin dhinêndha wada | kaping ro dhinêndha arta ||

25. Kaping trinira linaran | ping pat katrap patinira | pamariksaning wêkasan | de kang lirnya suka-duka | wong kang utang kapiutang | akakan-kakan yayènan | rikalanira autang | têmbe tinagih sêmaya ||

26. Têmahe abêngbangkèlan | crah dènnya apawong-sanak | kadya ta wong sih-sinihan | tan inang sêdina-dina | sru rêmên asuka-suka | tan wun nêmu duka-cipta | tan lana awèt§ Prayoginipun / tan wèt /. sukanta | kadya èstri sinanggama ||

27. Suka pari-sukanira | (ng)garbini mangsa lèkira | duka larane kaliwat | tan kawus prandene rambah | mêngkana sapêpadhaneka |Lebih satu suku kata: mêngkana pêpadhaneka. kadya ta marta lirira | kang mangkenakakên badan | yèn marta awor lan wisa ||

28. Sarat binuwang wisanya | kewala ngambil mêrtanya | upami rukmi mor tinja | ingambil mase kinumbah | tan beda lan buditama | nadyan nèng wong ina papa | yèn darbe kawruh prayoga | yogya pantên§ Prayoginipun / pantês /. pinilala ||

29. Pinèt sabdanira karya | kadyèstri ayu warnanya | prayogi kinarya graha | nadyan anaking wong sudra | yèn yu warna budi tama | tan ana labêting nistha | dening wrat-wrating sêjagad | datan wontên kadya arta ||

30. Kêrantên wontên utama | sêpêning catur prakara | janma sabagusaneya | tan nginang sêpi tejanya | ping ro janma tan susuta | jalwèstri gabug majêra | samya sêpi tejanira | ping tri teja tan na mukya ||

31. Kêdhik mantri punggawanya | sêpi tejaning nêgara | sêsêpi kang tri prakara | kasor dening sawiji ka | namung janma tanpa arta | sêpi priyangga tejanya | sarwa kucêm anguciwa | kathah kuthuhe angiwa ||

--- 9 : 116 ---

32. Uripe datan kêwawa | yèn kêlunta kongsi tuwa | singa mulat sama ewa | nyênyêngit lir uwa-uwa | tan patut kinèn (ng)gêgawa | lamun katungkul anglewa | ambêge dêmewa-dewa | têmahe cuwa kêdawa ||

33. Jayèngrêsmi Jayèngraga | sarêng gumujêng asuka | Ki Wirya alatah-latah | kabanton sêdayanira | Nuripin gumuyu mojar | bilah uwa bêbarisan | singa mêskin sugih uwa | uwane akiwa-kiwa ||

34. Adawa lir ula sawa | anolih Ki Kulawirya | angling hus hus lho wong edan | calak tan angon duduga | Nuripin akacêmutan | Ki Wargasastra lingira | lêrês puniku mêningan | tanduk sêsambunging basa ||

35. Ki Kulawirya ris nabda | mring kang putra kalihira | jawane wong tanpa arta | tiwas kauripanira | tan rinakêt ing sasama | arang nimpang mring tyas tama | tahan tuman maring ala | mulane saya kêtula ||

36. Kang putra nauri sabda | inggih saèstu kadyèka | paman wus nèng pênganggêran | cêthaning Paniti-sastra | tan bodho para sujana | dènnya ngrèh wêrdining kata | Ki Wargasastra lingira | punika Ki§ Prayoginipun / dhi /. Kulawirya ||

37. Pangikête ngèlmi Jawa | anjarwakkên wirya papa | kang amrih utamèng budya | pinêsu lawan pênrima | kang dadya panulak nistha | sumungku ring tyas raharja | tan pèpèka ing kahardan | nistha têmah dadya tama ||

38. Jayèngraga nambung sabda | marang Ki Sèh Wargasastra | mugi paman sung wêrdinya | mênggah kang srat Sandi-sutra | kêlawan Sandi-kirana | kadi punêndi lampahnya | Ki Wargasastra lingira | puniku wêrdining sastra ||

39. Jalma kang ahli nunurat | tuwin ngikêt karya gita | yogya sami ngawruhana | janma kang pratamèng sastra | sandinya koningakêna | sutrane sajuga-juga | yèka sapanunggalannya | wêrdi gêrba wargaksara ||

--- 9 : 117 ---

40. Ywa cawuh prênahing sastra | ngalungguhkên ing aksara | wruhakêna ing ywanjana | mwang-swara yeka yêktinya | têgêsing sastra ywanjana | jèjèring sastra dwidasa | kang dèrèng tinrap sandhangan | suku wulu layar sagnyan ||wignyan.

41. Cakra talingan tarungan | punika warninya swara | sastra guru sapta swara | kang dinèngêtkên§ Prayoginipun / inengêtkên /. yêktinya | rê leAksara Jawanya: lê. o u e i lan a§ Seratan aksara Jawi: [...]. | yèn sastra tan sasandhangan | yeka têtalènnya mung a§ Sêratan aksara Jawi: [...]. | tan kenging linggih ing wuntat ||

42. Tanapi linunggwèng têngah | de kang sastra sapta swara | yèn nèng wurining ywanjana | pan dadya maha sandhangan | yêktinya wa i nar u ywan§ Sêratan aksara Jawi: [...]. | ing têgêsipun winuryan | ha u ya i ka e§ Sêratan aksara Jawi: [...]. lirnya | osike yèku têgêsnya ||

43. Yeka ran Sandi-kirana | ananging ywan karyaksara | sandi ingangge sandhangan | dyanyaktingnya dadya basa | ma e wa lèh na ing ga o | sta i§ Sêratan aksara Jawi: [...]. pan mewêhning gusthi | samanya akathah lirnya | tan§ Prayoginipun / tang /. sapta swara punika ||

44. Maranya sajuga-juga | yeka akara ekara | ikara lawan ukara | ukara miwah lêkara | rêkara yeka mangaran | pakriya Sandi-kirana | sutranya warga swaranwa | dyan lirnya tang maka wênang ||

45. E-kara dadya ikara | o-kara dadya u-kara | yèku saking sutrasastra. awan | ekara tuwin lêkara | yeka wênang yèn dadya ya | okara mewah ukara | yeka wênang yèn dadya wa | lêkara wênang dadya la ||

46. Rêkara wênang dadya ra | yyan mahan swara lwirnira | kadya ta basa a i dan | dan yaka ing têgêsira | a i-dan edan têgêsnya | a i -am ayam artinya | ma-u-ab muyab lirira | a-i -al kiyal têgêsnya ||

47. Pam-ba-un pan pambayun |Kurang satu suku kata: Pam-ba-un apan pambayun. ba u an buyan lirira | samanya akathah

--- 9 : 118 ---

lwirnalwirnya. | yeka kadya tata-basa | ka-e-u kayu têgêsnya | ba-re-ong barong artinya | ka-re-ung karung lirira | ka-rê-lêng kêrêng punika ||

48. Kunang panunggaling sastra | yeka warnanya yêktinya | dan lwir nyastamya myang da | kadya ta basa sadpada | kêlawan yêka sat padha | ngadpada lawan ngatpada | nyaktinya dha samya myang tha | kadya kang basa kumêndhêng ||§ Guru-lagu limrahipun dhawah: a (lêgêna), punika têka: ê (pêpêt) [kumandhang].

49. Lan kumênthêngkumênthang. yeka samya | adhuh adhuh yêka padha | apan akathah lirira | yêktinya ja samya myang ca | kadya ta basa kajarjankajaryan. | kêlawan kascarjankascaryan. samya | kacuman kajurnan padha | kacirèn kajirèn samya ||

50. Kaciryan kajiryan tunggal | yêktinya pa samya myang ba | kadya basa sipta sibta | pêkik bêkik yeka samya | yêktinya wa samya myang ba | kadya wuaya buwaya | prawata prabata tunggal | tuwin kawuhan kabuhan ||

51. Kathah lirnya yeka samya | yêktinya ca samya myang ta | kadya soca lawan sotya | sêcabrata sêtyabrata | yeka samya kathah lirnya | yêktinya ta samya myang ja | kadya sajjana satjana | sêtjati sêjati samya ||

52. NyaktinyaYaktinya. dha samya myang ja | kadya sumêdya sumêja | jatmika dyatmika samya | yêktinya dha samya myang ra | kadya dhuhur ruhur samya | yêktinya ta samya myang tha | kang prijata lan prijatha | suryakantha suryakanta ||

53. Tustha thusta yeka samya | kapusta kapustha samya | kunang ingkang wargaksara | aywa tar kèngêtakêna | kyèhnya sêlawe tang warga | nyaktinya ka Ka ga Ga nga§ Sêratan aksara Jawi: [...]. | kêlawan ca cac ja jaj nya | mèwêh tang tat ta dad da na ||

54. Kêlawan that tha dhadh dha na | mèwèh tang pa PA ba BA ma§ Sêratan aksara Jawi: [...]. | yêkastra sêlawe warga | kang pinanca wali muka | nihan kang ran Anta-swara | dyanyaktinya ya ra la wa | sa Sa sa§ Sêratan aksara Jawi: [...]. myang rê ha |§ Sêratan aksara Jawi: [...] [Kurang dua suku kata: sa Sa sa ha myang sa rê ha]. yeka Anta-swara rannya ||

--- 9 : 119 ---

55. Kunang angkên ingaranan | dyanyaktinya kang nung swara | mangrahe kang sastra dirga | dirga mêndud suku (ng)gyannya | dirga mêlik ulu (ng)gyannya | dirga mure ring talingan | dirga mutêk ring ywanjana | sastrawan dening nung swara ||

56. Kang aksara mawi cêcak | dyanyatinya§ Prayoginipun / dyanyaktinya /. kadya basa | tumênggung ganggêng gung gawe | cangèh pangguh tangkul tangkil | akèh lwirnya tang nung swara | sêpadhanya kang acêcak | yèn ngajêngkên aksara ka | utawa kang aksara ga ||

57. Mêngkana kramanya juga | nihan kang ingaran rêpa | ywa wontên sastra alayar | ngajêng sastra susun rupa | nyaktinyayaktinya. yeka warnanya | ati arti kanni karni | syagga swarga matta marta | mucca murca mudda murda ||

58. Muti murti akwèh lirnya | nihan angèstu rakêna | samate kang wignyaksara | de sang para juru citra | ywan ta ma-ulah siriran | myang mangulah tang rakêtan | yogya anggêngakên kirtya | lan sawêrdining kirana ||

59. Yèn trus wêrdining purunggupradangga. | dadya cawuh sastra-neka | tur samun lêngkaning sastra | wuryan de sang parotama | tang wignyaksa dyanyaktinya | ingaranan ka marta§ Ing Sêrat Centhini Pisungsung / eka mantra /. | èh èh ih ir or ur ungang | sastra kang tan kengang sandhang ||

60. Yeka rupanya amung A | tan kengang wuri myang têngah | yeka ingaran rasya di | kunang yèn amajjya sastra | yèn wus kamêng sastra pêjah | yeka warnanya tan pgat | tgoran wrang§ Ing Sêrat Centhini Pisungsung / wnang /. gdhogan | tdhas mnur bcik ptak ||Pada bait ini mulai baris 6,7 dan 8 terjadi salah ketik atau kurang jumlah suku katanya.

61. Sêsamanya kathah lirnya | kunang yèn ing wontên sastra | na mati kagêntyan ing dha | [...] |Kurang satu baris: tuwin ka panggêntyaning da (Diambil dari Serat Centhini koleksi Sastra Daerah Fak. Sastra UNS Surakarta). yeka yêktinya na prana | kadya ta basa pandhita | tandha pandhu dhêndha mandha | dyanyaktinya gêntyaning da ||

62. Kadya basa mandra-mandra | mindhaka§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / mindaka /. windu kwèh lirnya | kunang yyaning wontên sastra | nya mati kagêntyan ing ja |

--- 9 : 120 ---

miwah kang kagêntèn ing ca | yeka nyaktinyayaktinya. ywanjana | panjara pandya sanjata | yèkyaktinyayèk yaktinya. gêntyaning ca ||

63. Kadya ta basa pancaka | rêncana manca-ancala | pêncar mancur akyèh limya | kunang yaning wontên astra | wêkasanirèng wasita | yèn ngalêrêsi sastra pa | atawa na tanapi ga | yeka nyaktinyayaktinya. karaNA ||

64. SaraNA guNA satdaNA | kunang swarga myang kandhaGA§ Ingkang kasêrat aksara agêng (kapital), ing aksara Jawi kasêrat aksara agêng (murda). | talaGA mêrNA ginaGA | kunang mêrluPA kalaPA | kadarPA mewahmiwah. samePA | kunang inaran siriran | kadyangganing basa kawi | ning lulungid kang mardawa ||

65. Murcitèng don andulwêng ra- | bka§ Prayoginipun / tna /. dinggo pura sandhinge | sang hyang si langêning raga | mrik pudhak sumimpêning ga | -nda age asmara yeka | akathah lwirnya siriyansiriran. | kunang inaran nrakêtanrakêtan. | kadya linging kawi lungid ||

66. Mamintaksamandulwendah | lindhinikang lilidhanduk | mandhanismara kawêha | nrumêngêta rumangde murt§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / murc /. | catma morèng langê yeka | akathah lwirnya rakêtan | kunang inaran Dwi-mantra | dyanyêktinya kadya ta tyas ||

67. Pyuh pyur byok byur akèh lwirnya | kunang inaran tri-mantra | yèkyaktinya kadya ta kyan§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / kryak /. | yrangkat yeka akèh lwirnya | kunang kang inaran denda§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / dênta /. | mèwah tekang ka ga prana | dyan teka panunggalannya | aksara mêdal ing untu ||

68. Yeka dênta mangarannya | aksara mêdal ing lambe | murda tala wa ngarannya | aksara mêdal ing srira | yeka mudapa ngarannya | aksara mêdal jiwangga | yaka kang ga prana rannya | aksara mêdal ing jaja ||

69. Yeka Mahaprana rannya | yèkyaktinyayèk yaktinya. kadya mahyun | sang hyang tang wrin krèh mahyakkên | hyang pahyas kahyun matêmhyun |

--- 9 : 121 ---

dyan nyaktinyayaktinya. tang nung swara | nèng dirga mutêg umure | myang nèng dirga mêlik mêndud | awèng swara amardawa ||§ Limrahipun sadaya gatranipun Sêrat Gurisa dhawah lêgêna / a / . Ing pada punika wontên 4 gatra botên dhawah: a.

70. Nihan lwih saking nung swara | yeka ngaran Titi-pala | nèng sastra tênggêg nung syara | yogya andhawahakêna | patyaning kang Sandi-sutra | kang samya paramèng sastra | atêmbung têmbang ginantya | pra jana winuri wuryan ||