Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

548. Pangkur

1. Jayèngrêsmi Jayèngraga | Kulawirya tan ana nauri angling |Lebih satu suku kata: Kulawirya tan na nauri angling. saha kagunturan wuwus | tatas ing Nitisastra | Ki Wuragil Kulawirya lon amuwus | (ng)gih ta lah kang Wargasastra | tan wontên bêrojol kêdhik ||

2. Ing solah sêbarang tingkah | sêdayanya cukupan kacupan dening |Lebih satu suku kata: sêdayanya cukup kacupan dening. nèng srat Paniti-sastrèku | mêngku tan ana ninang | anauri sira Ki Sèh Sidalaku | pan inggih botên prabeda | lan kitab samya mrih bêcik ||

3. Nuduhkên mêrga raharja | tutur nalar pratingkah ala bêcik | cêgah pakon kang winuwus | musanip kang alim kas | mèngêti supaya ywa kêdalwèng dudu | nuta dalan Dalil-olah | rahayu ing donya akir ||

4. Jayèngrêsmi nambung sabda | kêlangkung kasinggihanipun ugi | kang sastra pêpeling luhung | linimbang raosing tyas | tan asambung ing manah lawan kang ngilmu | lir ningali palwa layar | tan mantra sagêd nututi ||

5. Rumaos gung lêpat kita | tan ngandhêmi sapêpelinging ngilmi | yèn sagêda amituhu | sawirasning sastra |Kurang satu suku kata: sawirasaning sastra. mèsêm ngungun muwus Ki Sèh Sidalaku | botên kadosa anakmas | puniku tandhaning dadi ||

6. Lan tandhaning kauwukan | anèng ngriku pelinging Dalil Kadis | nanging ta dhêdhasar ngèlmu | yèn tan sinung idayat | tan kêduga andungkap raosing ngèlmu | malah-malah pêndalihnya | kitab

--- 9 : 122 ---

mono dluwang mangsi ||

7. Tri samya mèsêm nor-raga | yata wanci ing ratri bangun enjing | pangwuhing sawung kêluruk | Ki Sèh alon lingira | lah suwawi sami salat wêktu Subuh | kang liningan samya gêpah | tumutur mêdal mring masjid ||

8. Sawusira samya kadas | Ki Nuripin gya adan ngalik-alik | wusing sunat kamat pêrlu | Jèngrêsmi ingancaran | angimami kang liningan gya mêngayun | ngangkat usali parêlan | Subêki rêkangatèni ||

9. Ada-an imaman lila | -hi tangala Allahu-akbar nuli | ibtitah lan wajahipun | imam maca Patekah | kiratipun kêlangkung pasehatipun | wêwacan wusing Patekah | surat Sujada§ Surat 32: As-Sajdah. ingapil ||

10. Parênging lapal yasjuda | adêge kang rêkangat dèn-sujudi§ Surat As-Sajdah kawaos ing dalêm rêkangat kaping kalih dumugi ayat 15 (sapalihipun) lajêng sujud, salajêngipun ngadêg malih nglajêngakên waosan Surat As-Sajdah dumugi sarampungipun (30 ayat). | de rêkangat akiripun | sawusirèng Patekah | apan surat Kasan antaranya dangu | rukuk bêge kinunutan§ = Dipun dongani Qunut. | asujud ro tahyat akir ||

11. Wus mêngkana bakda salam | pupujiyan sêlajunira dhikir | rahab kalimah tri atus | purna amaca donga | atêratil rajuk rasul limang wêktu | anumpa donga panlangsa | pragat wêktuning ngabêkti ||

12. Sêlawat asêsalaman | myang tawangsul sasampunira nuli | mantuk maring wismanipun | rampadan wus tinata | bucu angêt mawarna ulamanipun | Ki Sèh Wargasastra nabda | sumangga sami wêwanting ||

13. Parêng dènnya wêwijikan | dan alêkas samya kêmbulan bukti | pikantuk nadhah anutug | antara dangunira | aluwaran ambêng cinarikan mundur | sêkul ulam pêpanganan | sinungkên marang Nuripin ||

14. Wong papat rewangnya mangan | tuwuk kongsi tan têlas dènnya bukti | luwaran wus sami wisuh | Ki Pakujiwa lingnya | pênêdipun

--- 9 : 123 ---

dhi Nuripin sangu bucu | ulam lan pangananira | kinroso ing janur kuning ||

15. Lothung tinadhah nèng dalan | lamun èstu bêndara-(n)dika laris | apan wus pangruktinipun | Nuripin saurira | e lah inggih bênêr akal (n)dika niku | kintêne ta alulungan | duga-dugane prayogi ||

16. Wruh bakal kêlantih pangan | anauri (ng)gih inggihane adhi | wus brukut buntêlanipun | yata tamu katrinya | Jayèngrêsmi alon têmbungipun arum | marang Ki Sèh Wargasastra | lamun parêng sang palinggih ||

17. Kularsa mêdal pasilan | mugi paman nuduh lêrêsing margi | mêrgi mring Lêmbu-astèku | tanah Kalangbrèt rawa | anauri sira Ki Sèh Sidalaku | punapa laju anakmas | yèn sami parêng akapti ||

18. Asarèh saking tri dina | samya kadumugèn raosing galih | Ki Jayèngrêsmi nor lungguh | kumêdah laju lampah | Ki Sèh Wargasastra alon malih muwus | lah inggih sumanggêngsumanggèng. karsa | namung pangabêkti-mami ||

19. Katur ing ramanta kaka | mas Rundaya samya nglanggêngakên puji | Jèngrêsmi ature nuwun | Ki Sèh anuduh sigra | mring sabatnya hèh Pakuwirya sirèku | tumutura ring anakmas | anggrêmanana ing margi ||

20. Lah wus dandana dèn-agya | Pakuwirya sêndika wus miranti | Jayèngrêsmi angalap hyun | ngabêkti sêsalaman | Ki Sèh Wargasastra rahab salamipun | sarya ngling inggih anakmas | mênira nutkên basuki ||

21. Ki Jayèngrêsmi nor-raga | sarwi mingsêr anulya kang mangarsi | Jèngraga Kulawiryèku | gantya ngabêkti salam | ngawirya tri wus samya pamit jinurung | adan umangkat saksana | Ki Sèh sigra angudhuni ||

22. Anèng panataranira | andodonga raharja tadhah amin | sauwusira jumurung | myang santri wus pamitan | nahan kang mahawan tumurun ing gunung | wanci mêksinjing Hyang Surya | mijil nipat pucak wukir ||

--- 9 : 124 ---

23. Lir tirahirèng pêngantyan | mutyara bra-markata amranani | cucundhuk panitih gêlung | murwaning langêning rat | kawistara citrèng patra tinut ing bun | kadya puruntusing grana | -ning dyah wrat katrêsaning sih ||

24. Kang samya tumurun arga | praptèng pèrèng palèstrèn lèpèn Dênti | gya sinabrangan mangidul | kèndêl ing Majapilang | sisimpanganing mêrgi sidhatanipun | Jèngrêsmi aris ngandika | wus Wanalela sirèki ||

25. Wangsulèng kene kewala | kur-ungkuran samya adum§ Prayoginipun / andum /. basuki | rika muliha ring Tajug | matur Ki Wanalela | apan inggih sumangga kêrsa sang bagus | kawula-njurung raharja | sinauran sami-sami ||

26. Wus samya asisimpangan | Jayèngrêsmi sing Gaga-kalang laris | ngidul ngetan lampahipun | ngambah wana rungkudan | têtêbakan bêbangkan kêdhanggrang grumbul | minggah tumurun lunguran | lumampah tugaran têgil ||

27. Wanci wisan-gawe rarywan | soring kamal cêlak dhusun ing Patik | kinèn angupaya we nyu | marang ing padhusunan | sigra Pakujiwa mring dhusun anêmbung | dawêgan wus sinarasan | katur ing ngawirya katri ||

28. Samya nginum we dawêgan | sawusira mucang nulya lumaris | laju lampahira ngidul | ngambah wana ing Kramat | mêrga alit têtêrusan wana rungkud | lêpas lampahnya mararyan | nêng kali Kramat awêning ||

29. Wanci wus bêdhug gumiwang | rêrêb samya asalat anèng kali | wusing bakda salat laju | panas tumiling surya | angrêrêpak ron-ron aking kumarusuk | kapidak rênyak kumrasak | kêmput wana grêng kang wêrit ||

30. Kêtêb wana têrataban | tinugaran sari samya tinêgil | lulungur truntunan dhusun | langkung rêkasèng lampah | kêndêlkèndêl. anèng soring kayu apèk siyub | Jèngrêsmi alon ngandika | marang Ki Pakuwiryèki ||§ Prayoginipun / Pakujiwèki /.

--- 9 : 125 ---

31. Wukir iku kang katingal | gunung apa aranne dene bêcik | pucake mêngkêluk manglung | matur Ki PakuwiryaPakujiwa. | inggih ardi Banyankaki§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / Bajangkaki /. wastanipun | sanadyan alit botêna | pan ragi wingit pribadi ||

32. Tanah ing Sawo punika | Ki Nuripin ngling gumuyu nudingi | inggih mathêngkuk lir puthut | ngangge kêthu patutnya | Banyakkaki§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / Bajangkaki /. kaya kaki wungkuk |Kurang dua suku kata: Banyakkaki kaya kaki-kaki wungkuk. Ki Pakuwirya§ Prayoginipun / Pakujiwa /. tan rêna | èh sampun sêmbrana adhi ||

33. Ki Wirya gumuyu suka | ngling ya bênêr lir ujarmu Nuripin | wis plêg kaki-kaki watuk | mathêngkuk kêmul sinjang | Ki Nuripin kêpingkêl-pingkêl gumuyu | tumingal mring ardi Bayang§ Prayoginipun / Bajang /. | wus rêrêm dènnya so sami ||

34. Nulya samyarsa umangkat | Ripin matur mring Ki Kulawiryèki | puniki datan pinundhut | uncit lawan nyamikan | punapa tan kinêrsan kantênanipun | Ki Wirya ngling kêtanggungan | mêngkowasisan yèn prapti ||

35. Anulya mangkat saksana | kang sinêdya mring ardi Banyakkaki§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / Bajangkaki /. | tan karsa kampir ing dhusun | apan laju kewala | sing lèr-kilèn ing Mêlaran inggil inggahipun |Lebih dua suku kata: sing lèr-kilèn ing Mêlaran inggahipun. praptèng kêndhiting Marantyan | laju umanjat mênginggil ||

36. Sêdya mring pucaking arga | tan antara panca-baya (n)dhatêngi | marêpêt sakala mêndhung | ngêrak mangsa kêtiga | ambathêthêt tirêp tidhêm angêndhanu | kang carat-taun giyungan | tan kondur ingkang nganjati ||

549. Durma

1. Pêtêng dhêdhêt limutan kang gara-gara | ing giri Banyakkaki§ Ing sêrat Cênthini Pisungsung / Bajangkaki /. | tan kêna cinamah | -camah cinampah-campah | bêdhat pêrbawaning ardi | mêngkana sigra | udan drês tanpa grimis ||

2. Sru têlthoke tumulup gêng saklêmaka | kumêplok amêdhêsi | barat

--- 9 : 126 ---

maputêran | sumiyut asêt-sêtan | ngasut lir mêsat kang laris | kêras manuras | saking puncaking ardi ||

3. Syuh manampêg prahara mring kang mahanjat | tan bisa angajoni | maju mundur ngundhar | -undhar tar bisa mawan | saya drês jawah wor angin | giri gag-gêgan | dhêg dhèr gêdhor mawêrdi ||

4. Balêdhagan balêdhèg bungkah kumupak | lir cêpol poking wukir | sru angkrak-angkrikan | lêbak kêbêk lêlaban | kumêlap angilat thathit | gumlêdhêg gora | godha kadya ing wukir ||

5. Tan kêwawa ingkang mahanjat ing ngarga | Jèngrêsmi Jayèngragi | tri Ki Kulawirya | Nuripin Pakujiwa | samya andhoko ing siti | kêkah gèndholan | rumput mrakan pinidih ||

6. bayu braja lesus mêsês asêsêran | anêntor ngungkih-ungkih | ngungkil kol ngrêrantan | kongkal kawiwal kuntal | jêbol sukêt dèn-gondhèli | samya lorodan | Jèngrêsmi Jayèngragi ||

7. Kêtampêk ing prahara tru aru-ara | kêwangsul mring sor malih | pinarag ampuhan | sira Ki Kulawirya | pan tansah dhawuh§ Prayoginipun / dhawah /. ing siti | myang santrinira | Nuripin kajumpalik ||

8. Bag-bêg tiba rumangkang ngagir lumumah | kaglundhung niba tangi | nangis bêraokan | sambate Allah Allah | ya Allah dhuh-biyung Gusti | nêdha apura | nêdha luwar ing sarik ||

9. Praptèng dhusun ing Prantèn dènnya kêlaran | Jèngrêsmi Jayèngragi | tri Ki Kulawirya | kêpagolan ing wrêksa | samya nèng tambining bilis | Ki Pakuwirya§ Prayoginipun / Pakujiwa /. | amping-ampingan tambi ||

10. Ki Nuripin sumêlap nèng ing pêdhadhah | kêjêpit ing kayu-rip | rumbuting papringan | langkung dènnya sangsaya | Jayèngrêsmi Jayèngragi | sumpêg ing driya | têwakub ing Hyang Widi ||

11. Sanalika kêkalihnya§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / kalihnya /. panaul pana | ngikis jaman pribadi | beda lawan saban | liyêping pêlayapan | kadya panunggaking pati | Ki Kulawirya | pucat tan duwe kapti ||

12. Wus mêngkana kang gra-godha pancabaya | prêbawèng Banyakkaki |§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / Bajangkaki /.

--- 9 : 127 ---

antara ruhara | pracandha bayu-bajra | rèrèh riris sampun aris | têrang sruh§ Prayoginipun / swuh /. sirna | tan ana ingkang kari ||

13. Sira Jayèngrêsmi lawan Jayèngraga | luwar dènnira mupid | angungun tumingal | asruning gora-godha | surya pênthêr Ngasar akir | samya sungkawa | busana tan ana king ||

14. Apan susah musakat dènnira salat | Jèngrêsmi ngandika ris | mring Ki Pakujiwa | lah priye mêngkeneya | mêlarat kêpati-pati | nandhang bêbaya | Nuripin anèng ngêndi ||

15. Mêsakake payo padha ginolèkan | anulya tan Asari | samya kêwatir tyas | lamun kêbanjur sirna | Pakujiwa ngling ririntih | pan wau mila | kula sru anggêrêngi ||

16. Dènnya angguguyu marang wukir Bayang§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / Bajang /. | -kaki têmah kadyèki | kenging panca-baya | wau ta pra ngawirya | sangsaya wêwah akingkin | kêgagas wêlas | marang santri Nuripin ||

17. Kêrsa wangsul manawa kantun nèng arga | Nuripin gya kaèksi | muntêl anèng dhadhah | ngaringkêl tan bisa bah | sêdaya samya sru angling | dene kêpanggya | Ki Wirya gumunywa-ngling ||gumuywa-ngling.

18. Si Di-cêprot nèng kono lir wêrangutan | Nuripin matur nangis | dospundi bêndara | kawula tan bisa bah | kêjêpit dhadhah puniki | gya tinulungan | samya ngambil Nuripin ||

19. Nèng kayu-rip pagêr suruh ing papringan | Ki Paku ambabadi | kang mipit pinokah | wit suru pinêcokan | tangane Ripin tinarik | wus bisa mêntas | mêksih prêmbèh anangis ||

20. Kulawirya ngling ih si Di-pothol edan | dadi gawene si Baring | ngangèlkên wong kathah | (n)dadak nganggo didhudhah | kang pilênggah ing kayu-rip | lir wêrgul modar | prandene si Kêpadhil ||

21. Adol bagus enak-enak nèng papringan | lumaku dèn-paranni | hèh agawe susah | nora nguwisi dhawak | Ripin (ng)guyu-(ng)guyu nangis | agêrundêlan | kobêr têmên (n)dukani ||

--- 9 : 128 ---

22. Sampeyan kang botên nglampahi kadye ka | kawula kang bilai | kang dados wêwadal | tujune tan bêndara | ngêmungkên kula pribadi | ingkang kêblabak | nèng ardi Banyakkaki ||§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / Bajangkaki /.

550. BalabakTeks asli: Bêlabak.

1. Pra ngawirya samya (ng)guguyu Nuripin | tingkahe | Jayèngraga ngling sun tan nyana sirèku | yèn ijèh ||

2. Ngong aranni sira mati tan karuwan | bangkene | kuwatir yèn sira kajablog ing lesus | sirnane ||

3. Jayèngrêsmi alon dènnira ngandika | wuwuse | sokur-sokur sirèku bisa katêmu | nèng kene ||

4. Lah payo mring soring bibis kang rêsik |Kurang satu suku kata: Lah payo mring soring bibis ingkang rêsik. papanne | nulya samya umiring sami wiwisuh | mring kalèn ||

5. Wus barêsih wangsul mring sandhaping wrêksa | arèrèh | dènnya lênggah nèng tambi oyoding bibis | kabèhe ||

6. Sungkawèng tyas rikuh dènnya saha salat§ Prayoginipun / sah asalat /. | Ngasare | sarwa têlês panggenan tan ana dhahas | papanne ||

7. Jayèngrêsmi arum wijiling wêcana | ngungune | amênuhi pancabaya udan angin | dangune ||

8. Sadurunge wêktu Ngasar kongsi akir | wayahe | ingkang rayi umatur inggih kêlangkung | sangête ||

9. Ki Kulawirya muwus marang Nuripin | sojare | e ya ta lah manira wêlas andulu | mring kowe ||

10. Gendhonganmu mêksih ora ucul-ucul | suwene | pilang-pilang têgêl (ng)gêgawa sirèku | têmêne ||

11. Ki Nuripin umatur dene prêtohin | dingarèn | angandika wêlas marang kawulane | kenthole ||

12. (ng)Gih saking jrih mring kagungane bêndara | yêktose | Kulawirya nauri aris ih iyan | yanane ||

--- 9 : 129 ---

13. Paran mêksih sangumu lah ungkabana | yèn ijèh | Ki Nuripin sigra nguculi gendhongan | ge-age ||

14. Wus binuka kang sêkul ulam tan ana | kabèhe | namung gêdhang kang maksih sami pêrèthèl | malèthèt ||

15. Matur o lah tiwas wus têlas sêdaya | sêkule | dalah ulam nyamikan juwadah jênang | tunggile ||

16. Jinèrèngan jarite gubras gêluprat | turuhe | wor balêthok lir binèlèt kèh kang bêdhah | jarite ||

17. Kang kinarya anggendhong pating saluwir | suwèke | ngling o o lah baya ta iki kang mawa | mrojole ||

18. Kadospundi punika thol warninipun | sinjange | Ki Wirya ngling lho êmbuh aku tan wêruh | surupe ||

19. Kêjaba-a duwèkmu dhewe kang bêdhah | kêprèknèn | yèn duwèkku kang rusak ya têmpuhana | kabèhe ||

20. Sarèhne nèng kene ya ngong-maklumi |Kurang satu suku kata: Sarèhne nèng kene ya ingong-maklumi. sakiye | besuk yèn wus tutug ing wisma kewala | têmpuhe ||

21. Dadya kêbo sapimu ya manira-rêp | lirune | aran sira dhewe kang agawe pokal | rusake ||

22. Jarit kêling bêsêm tan kêna inganggo | lungsête | sunat (n)jaluk liru kêbo sapi bae | bêcike ||

23. Ki Nuripin ngêcêmut apêlongokan | ature | andang pira ngalêm wong thithik nulyarsa | mèt gudèl ||

24. Lah (m)bok mundhut têmpuh ardi Banyakkaki§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / Bajangkaki /. | lêrêse | saking ngriku kang gadhah pokal punika | jalare ||

25. Mapan sami tiwasipun kadipundi | marmane | pra ngawirya kadya mas timbul ing warih | kingkine ||

551. Maskumambang

1. Yata wontên janma sawiji kang prapti | pan kapara tuwa | kêmul bêbêd lungsêd putih | udhêng kulu-kulu sogan ||

--- 9 : 130 ---

2. Têkên kayu wani tan sêmbur lus apti | sinopal sêlaka | tinunjung wêlingèn wêsi | mêthukan sinrasah giwang ||

3. Angêthuyuk gumapula jènggodnèki | sêmune amarma | alon dènnira mor linggih | aris dènnya uluk-salam ||

4. Jayèngrêsmi agupuh dènnya nauri | ngalèkummusalam | samya têkêman astèki | gya Jèngraga Kulawirya ||

5. Wusnya salam kang mara prapti tanya ris | anak bagus ingkang | sami musakat nèng ngriki | punapi darunanira ||

6. Jayèngrêsmi sêndhêt dènnira nauri | kawula punika | kêparag ing udan angin | kabrêkan ing panca-baya ||

7. Rumahing§ Prayoginipun / rudahing /. tyas ing wêktu Ngasar wus akir | mêlarat ing papan | tanpantuk bêktiyèng Widi | kang mara prapta lingira ||

8. Yèn kadyèka sumangga nak bagus sami | mring pawisman-kula | panggenan-panggenan rêsik | tan watir lalurat papan ||

9. Dhêkah ing Prantèn gumuk alit puniku | ingkang ingancaran | tut-pungkur mring kang sêdyapti | tan antara dangu prapta ||

10. Ing wismanya gupuh mêrnahkên (ng)gènnèki | lênggah nèng paningrat | samya sinungan pisalin | bathik myang lurik prayoga ||

11. Wus warata dalah santrinira sami | sinjang ginirahan | mring sabat samya ingisis | langkung pênarimanira ||

12. Suka sukur gya samya mring masjid alit | ngambil toya kadas | nulya laju salat Ngasri | sak bakdanira asalat ||

13. Wangsul mring paningrat tata dènnya linggih | gantya sasalaman | sigra pasugata mijil | ulam rampadan mawarna ||

14. Ingancaran sêdaya samya wêwanting | Ki Dhatuk tan arsa | mung nginum wedang sêruni | pra ngawirya samya nadhah ||

15. Kadho-kadho kang bukti tan dèn-kêmbuli | tur ta kasêrakat | prandene tanpantuk bukti | antara samya luwaran ||

16. Ambêngira laju sinungkên Nuripin | tan ana linongan | anêmên pamangannèki | wong ro lan Ki Pakujiwa ||

17. Samya tuwuk tan têlas dènnira bukti | wusira luwaran | nyamikan

--- 9 : 131 ---

lumadyèng ngarsi | cinaran nadhah dhêdharan ||

18. Anak bagus puniku mangsêganèki | sêmbèn sawontênnya | kang liningan anor-ragi | sarwi angalap nyamikan ||

19. Alon nabda Ki Dhatuk marang ing tami | nak bagus sun tanya | ing kêrsa kadi punêndi | punapi minggah ing arga ||

20. Punapinggih kewala têntrêm nèng ngriki | ngong nyarah kewala | pundi kang dipun kêrsani | sumangga prayogèng kêrsa ||

21. Jayèngrêsmi aris dènnira nauri | pan inggih punika | yèn parêng kawula apti | minggah pucak ardi Bayang ||§ Prayoginipun / Bajang /.

22. Kang kawula sampun kasêdya ing kapti | pucaking ancala | puniku ing Banyakkaki§ Prayoginipun / Bajangkaki /. | Kae Dhatuk lon ngandika ||

23. Inggih sukur ing kêrsa langkung prayogi | reyang nguntap lampah | reyang riki tan ngêboti | marang anak bagus samya ||

24. Jèngrêsmyangling sukur pitulung kiyai | ing kawêlasarsa | sung paedah ing ngalangip | kawula kumambèng kêrsa ||

25. Kae Dhatuk aris dènnira ngaturi | sumangga anyêngka | mumpung kang surya umêsih§ Prayoginipun / umêksih /. | yèn sompok wêktuning salat ||

26. (n)Dan umangkat kang samya sêdya mawukir | nut ing padhadhahan | laju umanjat mênginggil | saking Pêrantèn anjatnya ||

27. Dan andêdêr praptèng Sela-dhêku nginggil | Nuripin ris mojar | mring Pakujiwa aririh | lah niki nggènningnggèning. kang baya ||

28. Èh andika niku tan marèn-marèni | wong wontên sing jrihan | êmpun sok mawa bilai | Ki Ragil sêndhu liringnya ||

29. Wus ngliwati ing Sela-dhêku mênginggil | apan kang minangka | paragoling Banyakkaki§ Prayoginipun / Bajangkaki /. | mendra mêngetan luk-lukan ||

30. Kawit Sela-dhêku malinthas tan kitri | sela blêg sadaya | sukêt lang-alang tan mawi | namung lumut lan katèpan ||

31. Kang lumampah kèndêl trêmbukuning wukir | nèng guwa Sangsangan | guwa lit (ng)gyan tiyang nêpi | anèng ngriku ing Sangsangan ||

--- 9 : 132 ---

32. Wontên trêbangira gumandhul sasiki | lambunging paguwan | patukan toya ngrêmbêsi | tandho nèng clowok bêlikan ||

33. Kae Dhatuk ngling samya mèt toyastuti | wusnya samya kadas | mênginggil mêrginya rumpil | ngêrakal cucuri rangah ||

34. Praptèng ing panglungan mêlatar arêsik | kadya sinaponan | godhaging platar arêsik | kadya na pêcak rong-dasa ||

35. Pêpangolan§ Prayoginipun / Pêpagol kang /. tumiyung pupucak wukir | antara inggilnya | saking pêlatar arêsik | ingandhanan sangang dhêpa ||

36. Andha bambu ori muput sapênginggil | marang guwa-guwa | wus prantine dèn-andhani | guwa tuwa pucak arga ||

37. Nulya samya mahawèng andha mênginggil | Ki Dhatuk nèng ngarsa | sêdaya minggah tut-wuri | wus prapta ing guwa-guwa ||

38. Samya masuk amapan dènnira linggih | Ki Dhatuk lingira | sumangga wêktu Mahribi | kang liningan langkung dhangan ||

39. Sigra mapan ing sela wungkal lus putih | Ki Nuripin adan | sunat sêdaya pupuji | laju kinèn kamat sigra ||

40. Jayèngrêsmi cinaran majêng ngimami | agupuh mangarsa | usali praptaning takbir | pasekat Patekahira ||

41. Surat Kulya-yu wusing Patekahnèki | surat Idaja-a | wêwacan rêkangat akir | patitis mikrat (n)jing sastra ||

42. Kae Dhatuk anggunggung sajroning ngati | tan ana kuciwa | antara wus ayat akir | bakda Mahrib laju Ngisa ||

43. Sangsaya pik wêwacan surat patitis | pan Surat Jumungah | Surat Munapèk kang akir | bakda pragad wêktu Ngisa ||

44. Wusnya sêsalaman tata dènnya linggih | Ki Dhatuk lingira | bagus (m)bok angagar gêni | Kulawirya nambung mojar ||

45. Lah ya mara Nuripin gaweya gêni | kang liningan turnya | anithik mêkotên gampil | tan mêndhêt kajêng uruban ||

46. Ya mudhuna sadhela ngambil kaywa king | Nuripin turira | kawula botên kadugi | yèn kêprucut wontên ngandha ||

47. (ng)Gèn kawula minggah wau tan ningali | amêrêm kewala | yèn mêlèk têntu bilai | jorongên sêmaput gigal ||

--- 9 : 133 ---

48. Kulawirya gumuyu sarwi nauri | ya manèh mêrêma | umatur o nuwun ajrih | mudhun dalu-dalu samar ||

49. Tan antara wontên sabatira prapti | wong tiga ambêkta | obor dhulang tinup saji | aisi wedang dhêdharan ||

50. Samya mènèk ing andha prapta ing nginggil | tinata ing ngarsa | pandam calupak miranti | kêlangkung tustha ning§ Prayoginipun / tustha nèng /. guwa ||

51. Pra ngawirya katri suka rênèng galih | myat ing guwa-guwa | ki tuwa ngandika aris | sumangga sambèn dhaharan ||

52. Samya matur inggih kêlangkung nuwun sih | bêrkah kang mapangat | Ki Dhatuk malih glis aris | anak bagus sayêktinya ||

53. Pan ing pundi sêsananipun ing wingking | kang kasêdyèng ngarsa | kang walèh pêsajanèki | aywa ningit samudana ||

54. Sapa sintên ingkang punuja ing krami | bagus sêdayanya | alon nambung wijiling ngling | kae tanya sêsanamba ||

55. Inggih saking kêrajan Wanamartèki | ing lampah kawula | pinutus marang sudarmi | angupaya kadang tuwa ||

56. Ki Sèh Amongraga kang (n)don lêlana nis | tar pantuk tuduhan | tan pêcak wêcana mêksih | dene pêparab inaran ||

57. Ingkang sudi mastani pun Jayèngrêsmi | punika riningwang | winastan pun Jayèngragi | lawan paman Kulawirya ||

58. Sudarmamba (n)jêng Kiyai Panurtèki | wangsul palakrama | maklum sinambat ing wangi | saking kêtambêtan amba ||

59. Sru gumuyu ingkang winangsulan angling | e kalinganeya | anak putranirèki |§ Kirang sawanda, prayoginipun / anakmas /. ki guru ing Wanamarta ||

60. Kang kuncara tanah jaman ing pasisir | manca ing ngadesa | anêbut Ki guru Bayi | Panurta ing Wanamarta ||

61. Pangungsène para ngulama ing ngèlmi | Jèngrêsmi nor-raga | pan inggih saèstu ugi | ngling aris Alkamdulilah ||

62. Lah suwawi dhêdharan dipun-sêsambi | kang lining nor-raga | ki tuwa ngandika malih | lah mangke reyang pepajar ||

63. Ngong puniki mitrane ramanirèki | duk mêksih jêjaka | seka kapti samya ngaji | tirakat guwa wanarga ||

--- 9 : 134 ---

64. Ing sapurug wong sêsanga satu budi | rewang baya-pêjah | ramanira duk ing nguni | wastane Mas Arundaya ||

65. Sêdayanya Carik-sutra Arsèng-budi | lawan Malarsipta | Carik-mudha Eka-wardi | sapta Kidang Wiracapa ||

66. Wargasastra kasanganipun wak-mami | mangran Danumaya | tan pati wontên ngaranni | karan Ki Dhatuk kewala ||

67. Palaling Hyang tan jêjêg nèng dhukuh lami | lamun wus amangsa | kêmudhèh tilar (ng)gyan malih | ngong nèng ngriki mèh samangsa ||

68. Manawi wus lêbar wah ngupaya malih | dene asli reyang | saking panêgari Bangil | tinilar ing yayah-rena ||

69. Dadya ngulandara nut têkdiningtêkdiring. Widi | rêna kêkayalan | mêlancong dêlasan mangkin | lir pêksi pêksa ngêlawat ||

552. Dhandhanggula

1. Jayèngrêsmi miwah ingkang rayi | Jayèngraga lan Ki Kulawirya | samya kumênyut driyane | myarsa pamuwusipun | Kae Dhatuk Danumayèki | pra ngawirya tyasira | tan anyana pangguh | lan kêkaruhe kang rama | (n)Jêng Kiyai Bayi pangidinirèki | raharjaning alampah ||

2. Sadèrènge mêdhar saliring ngling | wus kacêsan sêraosing driya | samya kêlangkung sukure | Jèngrêsmi lon umatur | kadi mina amanggih warih | srêping manah tumingal | mring paduka nêngguh | Ki Dhatuk gumuyu nabda | ênggèh anak bagus tan wontên bedaning | ramanta lawan reyang ||

3. Reyang iki tinuwa pribadi | samya ngakang kramane maring wang | wong sêmanga kalulute | mring ramanta sumuyut | ngêtub sarèrèhanirèki | sêdaya winêtara | santri kawan-atus | apan wus rumiyin mila | ramandika kinalulutan ing santri | antèr bisa mong janma ||

4. Wawi ngriku dhêdharanirèki | awon kèndêl sami nyênyamikan | mêksih apanjang dalune | ingkang liningan gupuh | asêsambèn sasênêngnèki | tyas samyènggar tan wangwang | marang Kae

--- 9 : 135 ---

Dhatuk | Jèngrêsmi anor turira | inggih uwa Dhatuk sampun tanggêl ugi | mumulang ing kawula ||

5. Ing pratingkah ngagêsang puniki | sampurnaning iman ing kasidan | kupuning gosul ngalame | kêlawan malihipun | ingkang sêdya kula-ulati | Kae Sèh Amongraga | lunga (n)don anglangut | nis tan èstuning sêsana | amba nuwun pitêdah ingkang sayêkti | jênêke Sèh Amongraga ||Lebih satu suku kata: jênêke Sèh Mongraga.

6. Kae Dhatuk Danumaya angling | pan puniku kang dera upaya | tan kenging winêdhar ing rèh | sabab wis ahli luhung | ing pandugi reyang mênawi | tan kêni dèn-ginêlak§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / yèn ginanal /. | ing lampah mrih têmu | wus kêkêr nèng jaman nujba | tan bayinat tan sirna punika mêksih | laya nimpar sêsana ||

7. Ningit ahlinira krana lair | ing batine wus jaman priyangga | yèn tumrapa kali gêdhe | wus nyungab samodra gung | nanging lagya ambêbêg warih | angêmbêng ing sawangan | ambêbanjir ranu | kadya angêntèni sangat | mêncêp-mêncêp kantun sabawang sumilir | manjur laut wilayat ||

8. Pan ingriku purnaning kêjatin | pamoring tawa lan asinnira | tan tawa tan asin rêke | tawa asin wus jumbuh | datan kenging pinae budi | wus sêmèntên kewala | pêprèjènganipun | namung kang sami (ng)graita | tur ta anak bagus wus dèn-cêcawangi | cêcaloning ahotad ||

9. Puniku yèn pinarêng ing têkdir | aywa wèng-wèng sumungkuwèng tekad | mring utama jalarane | titigasaning kawruh | lamun ahli dadya tan kenging | wèng-wèng kêrana dunya | kêdah kang sumungku | anokitakên ing dunya | dunya pinrih kinarya sampurnèng pati | pinangkaning kamulan ||

10. Kaluhuran rahayu dunya-kir | lamun kang ahli bangsa akerat | aywa wèngwèng akerate | kumêdah kang sumungku | nokitakên akeratnèki | akerat kang kinarya | purwaning tumuwuh | pinangkaning kamulyanya | kaluhuran rahayu karatonèki | ing dunya ing akerat ||

--- 9 : 136 ---

11. Ingkang kasêbut ing Dalil Kadis | Kadariyah lan Kajabariyah | kang tekad puniku lire | tunggil babaganipun | nanging datan kenging wor tokit | kusninira nalirah | anèng ing têwajuh | katitah kêdah tinetah | ing wijajah supaya tumêkèng kusni | muhamil kang sampurna ||

12. Aywa tungkul kang kêkêl ing tokid | tinekadkên kang tuwajuh ing tyas | dadya tan kebere-berekêbere-bere. | lamun maksih kêburu | ring têkabur kang niniwasi | tan awas ing kasidan | sida dadya kumprung | pêcad pratandhaning iman | datan ngeman ing badan budinirèki | raganya nistha papa ||

13. Jayèngrêsmi kêpasuk tyasnèki | sangsaya lir landhêp sinêpuhan | gumêgês atrap driyane | Ki Kulawirya muwus | yèn mêkatên kakang kiyai | lampah puniki datan | pangguh kang linuruh | Dhatuk Danumaya ngling gya | pan walahu'alam puniku dhi Ragil | langkung kêrsane Sukma ||

14. Yèn pinanggihakên ing Hyang Widhi | pan kêpanggih ingkang ingulatan | yèn dèrèng kinêrsan dèrèng | datan kenging binastu | sawêg lagya kinêrsèng Widi | anging wajib ihtiyar | mênawa kêpangguh | rèhning sami dêdarahan | lawan botên anikêlakên ing tuding | sudarma pariminta ||

15. Jayèngrêsmi miwah Jayèngragi | anor-raga Kulawirya mojar | dene anggawok§ Prayoginipun / anggowok /. kêrsane | kojahe kakang Dhatuk | Danumaya dene amêncit | datan kêna dinuga | pêkewuh ing tangguh | yèn kados mêkotên kakang | kula nuwun palingringanipun kêdhik | (ng)gyannipun Sèh Mongraga ||

16. Lawan malihipun kakang kyai | mênggah ingkang kal-dunya punika | narik mring nêrakèng têmbe | tan prayogi linulut | apan dadya rubedèng pati | duraka ing ngakerat | anèng nêraka gung | mêlarat sêkaratira | kakang Dhatuk puniku kadi punêndi | kawula tuduhêna ||

17. Lamun wagêd kita anglampahi | rèhning sampun ngumum ing wirayat | para ngulama sakèhe | tarekat kang cinatur | kakekat myang makripat dening | wêwalêr nyêgah dunya | tan arus

--- 9 : 137 ---

tinêmu | tan bisa ahli suwarga | sabab dening dunya punika kang mawi | anggigisakên swarga ||

18. Kae Dhatuk gumuyu sarya ngling | ênggèh lêrês patakwan-andika | nanging ewuh wangsulane | sami kewala jumbuh | kang takèn lan kang dèn-takèni | pan dèrèng tau pêjah | kalih-kalihipun | dudugi awag-awagan | tuna dungkap pêpajar sajroning pati | lir lampah kamban jangkah ||

19. Kaplêngkang-plêngkang wêlakangnèki | rinasa pêgêl tan sidèng lampah | mundur tan binacutake | lir takon mring wong bingung | apan sami dening tan uning | Ki Kulawirya latah | samya sru gumuyu | Jayèngrêsmi laminira | apan dèrèng kadyèku guyunirèki | myang Jèngraga angakak ||

20. Katrinira sami anuwuki | dènnya gumuyu asuka-suka | saking jatine banyole | wus lumrah pra linuhung | banyolane ngèlmu kakiki | sor cucut wong andhalang | tapuk la§ Prayoginipun / lan /. luludruk | Kae Dhatuk Danumaya | pangucape kang puniku adhi Ragil | pakèwêding agêsang ||

21. Upamane janma luwih sugih | sandhang pangan datan kêkurangan | malah kongsi luwih akèh | suprandene puniku | kang sinandhang ingkang binukti | linampu utang-utang | ninilih bubruwun | tan bisa anandhang pangan§ Prayoginipun / anyandhang mangan /. | yèn tan angsal utang nilih kang binukti | pan pinêlalah lupa ||

22. Wus kadyèka ngagêsang puniki | sarwa wus darbe sêkalirira | sinung kawruh mêrtabate | wus wruh ing ala ayu | suprandene tan dèn-kawruhi | yèn ta tinokitêna | kewala wus rampung | kalurung dènnya têtanya | wus têtakon takon malih saya sisip | bingung êndi ginêga ||

23. Kang tinakon saguhe wus mêsthi | wani ananggung Dating Hyang Sukma | kang sanyata gêlèthèke | wujude kang salugu | balêgêre ingkang sayêkti | miwah nyataning kerat | nutur jroning lampus | wruh rasaning jroning pêjah | saguh wani katêmpuhing dunya akir | kang luput ing nêraka ||

--- 9 : 138 ---

24. Gèsèh wong kang amuwus kadyèki | kadya wong wus anglampahi pêjah | myang piniji ing Hyang dhewe | wong kang mêkotên niku | pan kêsusu mrih olih pokil | setan badan manungsa | nganggêp ngaku-aku | lumaku ginuronnana | kang mêkotên sor-soring titahing Widi | binabag lawan kawan ||

25. Bangsa urakan tan sinung luwih | Ki Kulawirya nyanthêng sarya jar | dene gumriyêng kandhane | sampun tanggêl kang Dhatuk | ing liripan kadi-punêndi | jarwane kang sanyata | kaop tiyang busuk | samya ginuywan kang putra | kaeKae. Dhatuk Danumaya angling aris | dhi Ragil Kulawirya ||

26. Ing ngagêsang pangulahing ngilmi | lir ngubak-ubak toya ing dhadha | tan liyan saking dhèwèke | nêgês kalawan uwuk | asor luhur ala lan bêcik | sami nyandhang martabat | sangkêp tan na kantun | wisesa ihtiyarira | pamilihe nalar wurung lawan dadi | dêdalan Dalilolah ||

27. Bênêr luputing kita puniki | anèng sajroning Kajabariyah | lan anèng Kadariyahe | kêdah botên ingriku | awon pênêd lare lan sisip | rong prakara nalirah | tan pisah tan carup | sami ugi prayoginya | tan pae-pinae kêdadeyanèki | dunya kêlawan akerat ||§ Prayoginipun / dunya lawan /.

28. Lamun ahli-dunya dèn-abrangti | marang dunya dèn-runtuh sihira | kêrana dunya jatine | kasidaning tumuwuh | datan liyan saking donyèki | kamurahaning Allah | Kadariyah nêngguh | gêng-agênge kang nugraha | palaling Hyang ing dalêm dunya puniki | paedahing ngagêsang ||

29. Sinung sidik sampurnaning pati | miwah kamulyanirèng ngakerat | dunya brana pangatêre | puniku imam-ratu | sakèhing wong ahli donyèki | yèn brana wus angrêda | nir tan ana catur | kasaru sawiyah-wiyah | pan rinêksa kamulyanira dunya-kir | minule ing sêsama ||

30. Lamun ahli-akerat dèn-brangti | marang Dalil akerat dèn-gigal | sihing tyasira sungkême | kêrana jatinipun | ing kasidan sihing Hyang Widi | anglimputi kal-dunya | sihing Hyang Maha Gung |

--- 9 : 139 ---

kang wus man Kajabariyah | gêgêdhèning nugraha ing dalêm akir | paedah ing dêlahan ||

31. Sinung ilham sidik ing dumadi | tuwin manpangat ing dalêm dunya | Dalil akerat asline | imam pêndhita luhung | sakèh wong kang ahli kèrati | kang wus mukmin ing dunya | nir tan ana wuwus | pangina-inaning janma | pan rinêksa pancabaya ing dunya-kir | sinihan ing sêsama ||

32. Kalihe tan wontên prabedanèki |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / prabedaning /. Kadariyah lan Kajabariyah | kewala sami kusnine | puniku dhaupipun | kadya siyang kalawan ratri | dangune tan prabeda | namung kaotipun | apêtêng kalawan padhang | samya saking nuring rahman lawan rakim | wilayating Pangeran ||

33. Wong kang tuna ing kalih prakawis | tan Kadariyah tan Kajabariyah |Lebih satu suku kata: tan Kadriyah tan Kajabariyah. kapir sabab nora tèyèng | kathah durakanipun | manggung gajêg-gajêg tyasnèki | têmahan nora pisan | mandhok manahipun | tan duwe tabiyat iman | mung tabiyat kumprung wurung maring bêcik | têmahe nistha papa ||

34. Tênèh ngambah ing kalih prakawis | Kadariyah lan Kajabariyah | angaku uga prasèndhè | ngalap ro pêksa lubung | pikir kapir amonyar-manyir | carup nora nalirah | kawruhira bingung | tan duwe tabiyat iman | têmahannya sudra papa sor ing budi | beda lan kang aiman ||

35. Jayèngrêsmi miwah Jayèngragi | myarsa linging Dhatuk Danumaya | sangsaya têrang driyane | kêluhuran ing wuwus | wêwatêsing ahlining tokit | tan sagêd mangsulana | sarèh ing pamuwus | katri lan Ki Kulawirya | samya ngungun kalêrêsan tyasirèki | samya awirangrongan ||

553. Wirangrong

1. Kadya tuwuk tanpa bukti | myarsa saliring wiraos | tan ana suma marsumamar. kaolipun | amranani kapti | tan ana bedanira | lan kang samya wus man ing tyas ||

--- 9 : 140 ---

2. Ki Wuragil mèsêm angling | sasmita ring putra karo | de langkung nyata pun kakang Dhatuk | Danumaya iki | padhang têmên tyasingwang | myarsa riwayat pratela ||

3. Kakang Dhatuk Danumayèki |Lebih satu suku kata: Kang Dhatuk Danumayèki. kaole dene gumacos | anglêjarkên manah muradipun | sêdhêngan pêsagi | tan ewuh surupannya | tan inang padhang agampang ||

4. Bêbêgjan bisa nglampahi | nanging ing manah sumrowong | kang putra ro nabda inggih sèstu | tan sumêlang kapti | Ki Dhatuk Danumaya | aris dènnira anabda ||

5. Kang puniku adhi Ragil | sawêg sêlamba kemawon | pan dèrèng kantênan têmtunipun | sabab têksih sami | reyang riki lan rika | dèrèng wus man ring utama ||

6. Nanging ta namung mênawi | kêdugi samya linakon | ywa age anggege§ Prayoginipun / anggêga /. ing pitutur | rinasa kariyin | kêlamun wus kadriya | dadya tan kêtêlanjukan ||

7. Yèn ta kadyèka dhi Ragil | anggunggung marang kang omong | puniku sangsaya wêwah luput | tan surub ing ilmi | apan tuna ing tampa | tur ta kang tutur tan bisa ||

8. Mathêm ginunggung (n)jêngginik | guru geroh nora ènjoh | sira pra ngawirya sru gumuyu | myarsa dènnira ngling | Ki Kulawirya latah | ngling bilah saya tan jamak ||

9. Ngawruhi kang lukak-lukik | saking padhange nêrontong | amudhoni§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / amudani /. rasa tan katlisud | kalêthêking ngati | tan ana kang kadyèka | lir Ki Dhatuk Danumaya ||

10. Kang rinasan mèsêm angling | lah apa andhang§ Prayoginipun / andang /. mêngkono | wau wis anduga yèn kadyèku | Ki Kulawirya ngling | krana lahe kewala | tan anggungung ing paduka ||

11. Tan pati sambèn nyênyamik | Ki Dhatuk lingira alon | paran ing kêrsanta anak bagus | kêrsaning§ Prayoginipun / kêrsane /. ing mangkin | yèn pinarêng ing kêrsa | rêrêm ing sêpasar êngkas ||

--- 9 : 141 ---

12. Jèngrêsmi turira aris | maklum paduka kemawon | wus lami nèng paran yèn panuju | kawula pa-amit | sapikantuk nèng mêrga | tirakat lawan pitêdah ||

13. Sudarma kinèn ngulati | kadang tuwa kang lunga-ndon | mênawi kapadhêk anèng purug | Ki Dhatuk lingnya ris | inggih langkung prayoga | lamun sêmbada ing lampah ||

14. Luhung lajênga mring Rawi | kalamun angsal pawartos | ing kiwa têngênnya tanah ngriku | ing Kalangbrèt tuwin | Trênggalèk Lêmbuasta | (ng)gyanning Kidang Wiracapa ||

15. Wartine dadi priyayi | nèng Lêmbuasta bêndhoyot | wiyar polatannya aywa tanggung | patirakatnèki | Ki Kidang Wiracapa | tan prabeda lawan reyang ||

16. Mitrane ramanirèki | kang reyang pajar duk anom | pra ngawirya suka myarsèng wuwus | samya matur aris | inggih sèstu punika | malaju mring Lêmbuasta ||

17. Ki Dhatuk Danumaya ngling | suwawi sami a-Suboh | luhung mupung awal wêktu Subuh | nulya samya mijil | akadas mring kucuran | sawusnya wulu sêdaya ||

18. Ki Ragil Kulawiryèki | dènnya adan tumêlawong | wuse samya sunat Kae Dhatuk | ngling mring Jayèngrêsmi | ingancaran mangarsa | angimami ing asalat ||

19. Kang liningan gya mangarsi | ngangkat usalinira lon | praptèng takbirira sêdaya wus | niyat praptèng têkbir | ibtitah laju wajah | wus wajah maos Patekah ||

20. Langkung pasèkatirèki | kir'ate patitis aos | sawusing Patekah suratipun | Sujada§ Surat 32: As Sajdah. inapti | nuju lapal Yasjuda§ Ayat 15 Surat As Sajdah, akhir / laa yas takbirun / . Sasampunipun ayat 15 lajêng sujud, ngadêg malih ngrampungakên waosan Surat, wêkasan nglajêngakên salat ngrampungakên rêkangat awal. | adêgira sinujudan ||

21. Wangsul adêgira malih | rêkangat akir wiraos | sawusèng Patekah suratipun | Kasar§ Al Kautsar. sarèh apik | dangu rêkangatira | adêgira Kinunutan ||§ = Dipun-dongani Qunut.

--- 9 : 142 ---

22. Wus prapta tahyatira-kir | salam bakda salat Suboh | nutuk§ Prayoginipun / nutug /. pupujiyan dhikiripun | pêndonganirèki | Ki Dhatuk Danumaya | kêlangkung panggunggungira ||

23. Cadhangan aolia di | aotad bangsa kinaot | Ki Dhatuk tan samar ing susungut | sêmining aluwih | ngawirya ro ngalamat | nujba aotad kutuban ||

24. Jèngrêsmi lan Jayèngragi | kadi-kadi tan kêladhok§ Prayoginipun / kêledhon /. | wusira pêragat wêktunipun | sêsalaman sami | gya kundur maring wisma | mèh anjurudêmung enjang ||

554. Jurudêmung

1. Lênggah ing bale watangan | bubucu wus anèng ngayun | angêt-angêtan sêdarum | Kae Dhatuk Danumaya | angancarani tuturuh | suwawi samya anadhah | ngêt-angêtan mupung esuk ||

2. Agupuh ingkang liningan | dènnya nadhah Kae Dhatuk | intip kang ginugut-gugut | tan pati ngambil lawuhan | namung anyarati kalbu | antara dangu dènnira | bukti gya samya tuturuh ||

3. Ambêng nulya cinarikan | pinaringkên santrinipun | wong roro lawan Ki Paku | wong roro samya amangan | anutug sakarêpipun | warêg kongsi nora têlas | luwaran linorod mundur ||

4. Sampun dènnya samya nadhah | Ki Kulawirya turipun | ing lampah prayoginipun | wontên grêmaning lampah |Kurang satu suku kata: wontêna grêmaning lampah. pitulungipun kang Dhatuk | kang kadya Ki Padhangeyan | sira Ki Sèh Sidalaku ||

5. Inggih kae Wargasastra | sung tuduh mring santrinipun | punika santri kang tumut | mariki atêdah marga | Ki Dhatuk mèsêm amuwus | puniku kirang utama | nglong-nglongi§ Prayoginipun / nglong-longi /. kangèlanipun ||

6. Suda pèdahing tirakat | yèn mawi wontên kang tuduh | kaecan ing lampahipun | pênêd kang asring kêsasar | -sasar kêparung kêlurung | prayogi ingkang kêsrakat | dadya kathah susahipun ||

--- 9 : 143 ---

7. Tirakat ingkang manpangat | kang ngêmu kuwatir kalbu | rêkasèng lupa milalu | puniku ingkang utama | samya asuka gumuyu | Ki Kulawirya alatah | bilah dene sarwa unggul ||

8. Ngluhuri kojahing lampah | ngong tan bisa nusul wuwus | kang putra samya gumuyu | inggih sèstu kasinggihan | lir uwa pamuwusipun | lah inggih suwawi paman | apamit sêdhênge laju ||

9. Amaruput mupung enjang | dèrèng wêdharing surya-suk | wus samya magud pandulu | Jayèngrêsmi ris manabda | mring Dhatuk Danumayèku | lamun parêng ingkang kêrsa | kawula nuwun pangèstu ||

10. Kae Dhatuk Danumaya | aruruh dènnira muwus | inggih sumangga ing kayun | benjang yèn prapta kêrajan | Wanamarta pêmbagyèngsun | salam reyang ing ramanta | yayi Bayi Panurtèku ||

11. Myang mring kulawarganira | Jèngrêsmi turira nuwun | sarwi naos salamipun | Ki Dhatuk gupuh asalam | sarta abibisik muwus | wêkas-reyang ing anakmas | aywa wèngwèng ing pandulu ||

12. Benjang andika kinêrsan | maring Hyang Ingkang Maha Gung | lan rinta Jayèngragèku | ing solah pratingkah rucah | nanging wus takdir tar wurung | kewala ugungên rinta | yèn mangsa nalikanipun ||

13. Benjang ywaning Wanantaka | ingriku babarirèku | mênawa lamun saèstu | ing panarike kakanta | Sèh Mongraga kang linuhung | malah mêksiha gagatra | kang samya pinulung luhung ||

14. Wêdharing bangsa oliya | dede saking tapa ngèlmu | pan saking sêntosèng kalbu | êninge cipta bêlaka | kang puniku anak bagus | pèdahe pangguh lan reyang | reyang pintên bangginipun ||

15. Yèn sagêd kapuwèng tama | rèhning tuwa apitutur | supaya ywa wèngwèng kalbu | wuse poma wêwêkas-reyang |Lebih satu suku kata: wuse poma wêkas-reyang. Ki Jayèngrêsmi adhingklukandhingkluk. | asanggêm liring pitungkas | dangu têkêman astèku ||

16. Luwar têtangkêbing asta | nêmbah anuwun pangèstu | nulya Jèngraga mangayun | atur salam rinaharja | anuwun wus nulya mundur | Ki Kulawirya mangarsa | salam-sinalaman gupuh ||

17. Wus samya asêsalaman | myang santrinira angujung | ngawirya tri samya matur | pamit mêdal pasilan |Kurang satu suku kata: pamit mêdal sing pasilan. Ki Dhatuk Danumayèku | arum wijiling wêcana | lah inggih anakmas bagus ||

--- 9 : 144 ---

18. Reyang umiring raharja | mugi basukiyèng purug | kêdhatêngana ing kayun | wusnya samya kinalilan | sarêng dènnira amundur | Ki Dhatuk gupuh tumêdhak | nguntap ing pêlataripun ||

19. Ngawirya matur nor-raga | ingriki kewala sampun | Ki Dhatuk lingira rum |Kurang satu suku kata: Ki Dhatuk lingira arum. laju tumurun mêngandhap | ngidul-ngetan nut lulungur | (n)jog dhusun ing Dringo ngandhap | kathah kanthining lêlaku ||

555. Kinanthi

1. Kang liningan lon umatur | nuwun umangkat lumaris | pan anut pitudingira | Ki Dhatuk Danumayèki | saking Parantèn mêngandhap | lêlêngkèh tunggangan kêndhit ||

2. Lulungur wasta ing Griguh | sela wêlaka amagir | kêwilis ing katèpan |Kurang satu suku kata: kêwilis ingkang katepan. walêd nampu kajar angkrik | lulumut lunyu kêbunan | ngacêm ing padanira tis ||

3. Rêpêt saput-lêmah pêdhut | limut lumalating enjing | mijang kang mawèng sêsela§ Prayoginipun / mahwèng sela / [bênar sêsela]. | silo ampak anampêki | tar kawistara tang mêrga | gêrago garap maririh ||

4. Ruruntungan rangu-rangu | karêngon rêmêng mêksènjing | ima masinjang bangun bang | lulusiran ngawiyati | sumirat pajar sidik byar | ambabar nêrantang wukir ||

5. Mèh rahinèsmu mabangun | Hyang Aruna duk umingib | -mingib ing udayèng ngarga | lir laraping dyah ma-èksi | andhingkik têkèng mahawan | awawan mimilih mêrgi ||

6. Swabawèng pêksi narawung | ngocèh kacakswuh kapyarsi | sata-wana pêpêtukan | kêluruk ramyèng pang garing | mrak nyêngungong ing abahan | beyo bayan lawan nori ||

7. Prêkutut anduduk layu | manggung cumêngklung sênggani | asri swaranira rungwan | kumringsing jangkrik bêbêring | kungkung kongkang§ Prayoginipun / kungkang ngungkang /. ing pangrongan | ngumandhang ing jurang trêbis ||

--- 9 : 145 ---

8. Kasulak silak tan siluk | kasirat kênyaring rawi | drawela Hyang Andakara | mrabani sèsining bumi | acitra kawining patra | katrapan dipèng suryènjing ||

9. Kadya wadining asinglu | ningid kacacadanèki | jrih kawistarèng narendra | andhar pangungsèn ri ratri | wusana wus kacênthikan | pangadilaning nrêpati ||

10. Tan kenging ngumpêt sawêgung | tang roning kitri duk ratri | mangsènjing katrangan ingkang | Hyang Raditya ngujwalani | mêngkana umapanèka | rêsmining langêning wukir ||

11. Yata wau lampahipun | Jayèngrêsmi Jayèngragi | katri lan Ki Kulawirya | Pakujiwa lan Nuripin | Ki Paku lumakèng ngarsa | ing Griguh malipir tambing ||

12. Tumurun saking lulungur | mêrgi ngêrakal arumpil | asingub silak luk-lukan | jurang parang ngrong kapering | anètèr ing pangungangan | nêrampat rumput ngêbêsi ||

13. Ing lampah sêngkan tumurun | pèpèrèng sukuning wukir | tugaran tinêgal gaga | gaganing wong ing Balimbing | pinagêr wuluh risigan | lanjaran kacang kêcipir ||

14. Kêkara kêrai timun | kêtela katès gêmbili | lombok terong jarak kapas | jagung ontong canthèl jali | suwêg gadhung walur kacang | têgal têtêbakan sami ||

15. Banjêngan tanêmanipun | sasukanira mijèni | kang lumampah anut dhadhah | mudhun nabrang lèpèn alit | minggah tètèring cêlangap | nampak pasabinan radin ||

16. Mêlipir pinggiring dhusun | ing sawo asri kaèksi | raryan sor bulu mêmucang | Jèngrêsmi ngandika aris | lah wus paman Pakujiwa | kewala nimpang nèng riki ||

17. Nulya sinalaman gupuh | Ki Pakujiwa amundhi | nuwun-nuwun aturira | liningan andum basuki | salam pangabêktiningwang | rika aturna kiyai ||

18. Dhangeyan Sèh Sidalaku | Ki Pakujiwa turnya ris | amba andhèrèk raharja | sinauran sami-sami | gantya wus samya salaman | Pakujiwa lèngsèr ngarsi ||

--- 9 : 146 ---

19. Gupuh kang lumampah mantuk | umangkat ngawirya katri | laju mêrgèng pagalêngan | mêngidul dènnya lumaris | ing dhusun Pakêm pangkalan | ngidul ngetan lorog sabin ||

20. Ing lampah anjog mêrga gung | amanjat gêgênêng inggil | sumêngka sangêt anênggak | ing Bubuk wastanirèki | wana bubulak tar wrêksa | lungur gêng mênggêr amagir ||

21. Anggênggêng galagah rayung | situn ri tanjang kêlampis | sisir usit sêrut maja | rurumbut gêrumbul kingking | kêlangkung rêkasèng lampah | anduduk nênggêl mênginggil ||

556. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Yata ingkang mahanjat mêrgi ing Bubuk | kabêntèr surya tumiling | kêlangkung rêkasèng laku | tan ana payomanèki | Nuripin agrigah-grigoh ||

2. Gêrundêlan dêlanggung apa kêlangkung | anênggak dene atêbih | sapa kang gawe dêlanggung | niaya mring wong lumaris | (m)bok menggok sing êndhèk kono ||

3. Ki Wirya ngling lho Nuripin lêkas muwus | anutuh wong gawe mêrgi | lah (m)bok aywa rêp lumaku | bêcik nimpanga pribadi | sasênêngira amenggok ||

4. Ki Nuripin akesotan sarwi muwus | (ng)gènnipun menggok mring pundi | jurangipun nyamut-nyamut | kanan kering samya trêbis | Ki Wirya muwus lho êmbuh ||

5. Anêmplunga ing kono jurang kang trêjung | pilihên sadhengahnèki | apa êlor apa kidul | lèhmu angglundhung nimpangi | iya mrih bisane aso ||

6. Lon umatur dede pabênan puniku | aso-aso apan posit | mangsi umura sabêdhug | ngling jabakna positnèki | nanging pêsthi bisa aso ||

7. Ginaguyu mring kang putra kalihipun | anamur rêkasèng mêrgi | sakêdhap tansah ngrêrapuh | kèndêl ing lampah tan linggih | jumênêng kewala ngaso ||

--- 9 : 147 ---

8. Ngantak-antak dènnira samya lêlaku | panasing surya nêngahi | mêksih anêngka mêndhuwur | sinampyêng pamanjatnèki | santri Nuripin angrèmpong ||

9. Lingsir kulon campêde inggahanipun | praptèng tutungganganèki | mênggêr agiring lalungur | wontên wrêksa gung sawiji | kusambi ngêrongkob ayom ||

10. Samya kang katoran anèng ngriku |Kurang dua suku kata: Samya ingkang katoranan anèng ngriku. munggul kaididan angin | kang rèrèh rasa pikantuk | sêgêr kemarutan isis | lêlêson sêsèndhèn kayon ||

11. Ki Nuripin anggloso sarwi amuwus | e lah olèh gawe iki | kangian anèng sêsèdhum | dudu rasaning kang mêrgi | esuk kongsi lingsir kulon ||

12. Nora wêruh rasane kayèn§ Prayoginipun / kayon /. kang seyup | lagyèki nêmua§ Prayoginipun / anêmu /. aring | aras-arasên lumaku | kongsiya sêpasar bêcik | nèng kene kêpenak aso ||

13. Kae Kulawirya gumujêng amuwus | iya kariya pribadi | mêngko kariya sirèku | ing kono witing kusambi | dimène pinangan potho ||

14. Ki Nuripin sarwi turon mungkur matur | kados tiyang dosa pati | dene mawi dipun-êrut | puniku ta botên jangji | tiyang ngraosakên aso ||

15. Pan sanès pêrkawis dede sambungipun | sawêg sakeca aisis | garundêlan ririh muwus | ingong bae dèn-wanèni | bok karo putrane keyok ||

16. Kulawirya gumuyu asru amuwus | lho dene edan Nuripin | cêlathu sêmbari mungkur | nora ngrèmèsi wong angling | jawane madhakkên bokong ||

17. Samangsa dèn-bandhêma cêngêle ngrajuk | Nuripin nolih atangi | gumuyu sila umatur | bangêtên bêndara kyai | wong kêsêl-kêsêl binêndon ||

--- 9 : 148 ---

18. Anèng wana (m)bok inggiha ingkang maklum | Ki Wirya gumuyu angling | lah ya wus turonna bagus | matur ah botên ajrih jim | yèn dosa malih awêdos ||

19. Lho bandhole Nuripin angot ambêrung | lèhmu ngewuhake ati | mêngko tak lempar lambemu | yèn dèn-kon kaya dèn-pênging | yèn pinênging kaya dèn-kon ||

20. Glela-glele Nuripin tyase pakewuh | jêg nora jêg dèn-lakoni | Ki Wirya kèngêtan lamun | gêgilanane Nuripin | tumingal ana têmbêlong ||

21. Dèn-uncalkên ing wêtêngira kumapluk | kandhêg nèng kandhutanèki | Nuripin (m)bêngok anjêpluk | biyung bêlah setan-rojim | aniba blêg sru mimisoh ||

22. Kêna sibat têmên dudu wong si Jidu | sarwi mundêlik tan eling | kêjot gumêtêr sakojur | mata dhipêt (m)brêbês-mili | ngawirya ro kagyat gupoh ||

23. Anulungi mring Nuripin kang tan emut | têmbêlong binuwang aglis | Jèngrêsmi wêlas andulu | ngusapi luhe Nuripin | Jèngraga anguwoh-uwoh ||

24. Jroning driya Jèngraga angampêt guyu | dènnya (n)jangkar mring ki Ragil | Ki Kulawirya gêgêtun | dinalih tan klêngêr yêkti | jro tyas gumuyu wlas anon ||

25. Pan ginugah-gugah mring Jèngraga dangu | dènnya kêlêngêr Nuripin | nulya-ling§ Prayoginipun / nulyèling /. gragapan gugup | lir wong tindhihên dènnya ngling | hèh hèh hèh hèh angruruntoh ||

26. Jayèngrêsmi pa wus waras sira iku | sarwi tinangèkkên aglis | matur inggih sampun emut | mêksih mèwèk (m)brêbês-mili | lir pinucung dhêlog-dhêlog ||

557. PocungTeks asli: Pucung.

1. Ginaguyu Nuripin alêngar-lêngur | Jèngraga ngling latah | mêtu pamère Nuripin | anggêgancar sêjarah duk jan-munijan ||

--- 9 : 149 ---

2. Sru gumuyu Ki Kulawirya amuwus | ambakna wong gila | têmbêlong kang dèn-wêdèni | tan matèni nglaranana bae nora ||

3. Kêjabèku jrih mring ula macan patut | yèn dèn-gilanana | sababe ambilaèni | nora patut wruh têmbêlong bae gila ||

4. Sêtun-sêtun mring ulêr nglarani bidhur | patut winêdènan | luwih gêdhe bae wêdi | Ki Nuripin mêksih ngoso aturira ||

5. (n)Dika niku mring cindhil kewala kagum | dospundi wawi ta | cindhil nglarani punapi | Jayèngrêsmi Jèngraga gumuyu suka ||

6. Mèsêm muwus Ki Wirya sarwi gumuyu | jêr ngong wruh rupanya | kinyir-kinyir (ng)gigilani | Ki Nuripin ngêcêmut matur plorokan ||

7. Prandenipun tan têpa-têpa puniku | èh e (m)bok paduka | dèn-uncalana lir mami | Ki Wirya ngling (m)bok jajalên uncalana ||

8. Pêsthi nêmu bilai sira sun-pênthung | cêngêlmu bèn modar | Nuripin grundêlan angling | andêlêna mring wong bae waninira ||

9. Dèn-wus-uwus ngawirya ro sru gumuyu | myat mring kang paguywan | wus tata alênggah sami | Kulawirya angling marang putranira ||

10. Lah ya iku wong gila-gila andulu | paran kang amawa | dene sabên wong tan sami | lah apane kang amawa mêngkonowa ||

11. Mèsêm muwus Jèngrêsmi inggih puniku | pêngraos kawula | pan ing ngagêsang puniki | wus pininta linging Kadis Rasulolah ||

12. Wong puniku pinanjingan wus têrtamtu | apan ginantungan | ing wolung prêkawis pêsthi | kêndêl jrih asih lan sêngit punika ||Kurang satu suku kata: kêndêl ajrih asih lan sêngit punika.

13. Pintêr blilu tan kenging botên puniku | sipat janma gêsang | têmtu kang kalih prêkawis | ingkang dèn-karêmi lan sinêngitan ||Kurang satu suku kata: ingkang dèn-karêmi lan kang sinêngitan.

14. Apan uwus ing dalêm titah puniku | pan tan ketang pêcat | kang tinampik kang pinilih | kang mawi puniku panjingane titah ||

15. Kang puniku kenging tinarik lan wuruk | saking ginaluta | yèn pinrih saking sakêdhik | dintên têkèng saban-saban tahan tuman ||

16. Nambung wuwus Jèngraga mring pamanipun | yèn kadyèka paman | paduka gila mring cindhil | ginulanga lami-lami mantun gila ||

--- 9 : 150 ---

17. Mèsêm muwus lah iya iku ta êmbuh | pêngraos-manira | kaya nora bisa mari | matur inggih sawêg prangaos-paduka ||pangraos-paduka.

18. Sru gumuyu priye ing kono sirèku | Nuripin ya padha | duwe gigilan lir mami | paran bisa ginulang mrih mari gila ||

19. Aturipun ah kula pilalah lampus | pinurih puruna | mring têmbêlong langkung ajrih | (ng)gih sêdasa-dasa tiyang kêdah gila ||

20. Lingira rum Jayèngrêsmi iya iku | saking atinira | tan kudu (ng)gugulang wani | pênggulangmu namung maring dhandhanggula ||

558. Dhandhanggula

1. Yata wau ingkang ngaring-aring | mêngnginggilingmênginggiling. lulungur tunggangan | ing Bubuk langkung kasêngne(?)sêngkane. | Jèngrêsmi lon amuwus | wawi paman umangkat aglis | mutawatir ing wayah | poting wêktu Luhur | yèn kalularatan toya | Ki Wirya ngling ya bêbêgjan bae mangkin | yèn êpot mêngko jamak ||

2. Ngalap wênang jamak anèng mêrgi | nulya umangkat saking agiran | ngetan tumurun lungure | andêrojog ngêlantur | angêrakal mêrginya rumpil | kêrikil awiwalan | kêsandhung ing suku | Ki Nuripin gêriguhan | gêrundêlan dêlanggung êmbuh pinilih | kang mudhun lan kang manjat ||

3. Sarwa nora kuwagah§ Prayoginipun / kuwagang /. nglampahi | dening rasane laraning ngawak | dêlanggung padha kêsuwèn | anglulu wong lumaku | boyok cingklak polok lir pêthil | tungkak kadya cêpola | kapancal ing watu | Nuripin sangêt dènnira | angrêrêmpong kantun nèng wuri atêbih | bot thukul bubulira ||

4. Bubul mundul grigah-griguh wigih | kagriyul kêrikil anjêngat |Kurang satu suku kata: kagêriyul kêrikil anjêngat. andheprok asru larane | kadhiglagan lumaku | parêmbèhan ambrêbês-mili | datan nututi lampah | angantun sang bagus | rêrèndhonan lampahira | praptèng jurang sampun wontên lèpèn alit | kali Sêmpu wastannya ||

--- 9 : 151 ---

5. Dangu-dangu anganti Nuripin | nulya prapta linggih sila-tumpang | anguwik-uwik bubule | sarwi dinamu-damu | pan kinukur-kukur ing pinggir | ngêdên ngrasakkên lara | nyêdhak dènnya lungguh | lah Ki Ragil Kulawirya | lagya turon rêm-rêm ayam ngaring-aring | Ki Wirya kagyat mulat ||

6. Mojar e e bandholên Nuripin | apa dhasare sira ko(k) jarag | dene abênêr prênahe | irungku lan tungkakmu | cêdhak têmên lèhira-linggih | nèng ulon-uloningwang | bangêt dêgsuramu | Nuripin mèsêm ngrêrêpa | inggih nuwun apuntên (n)dara kiyai | rèhning sakit kêsêsa ||

7. Angot bubulên duk wingi ratri | sarêng tumurun wau punika | kang bubul mundhak malênte | asring kagriyul-griyul | ing kêrikil (n)dheprok ing mêrgi | mila kantun atêbah | repot dening bubul | Ki Wirya mèsêm lingira | yèn mêngkono têgêse manira iki | kon ngambung bubulira ||

8. Nuripin mêngkêrêt gulunèki | matur nuwun lah botên amokal | lamun mêkotên artine | sêlak botên kadyèku | kala panggih pintên prakawis | Ki Kulawirya mojar | êmbuh jarmu iku | dhasar wus wong sira-jarag | cocokormu kaungkulkên rai-mami | nora idhêp ing tata ||

9. Sarwi binalang bubulirêki | Ki Nuripin anjêlèh kumrengkang | bilah bangêtên kenthole | ngalih (ng)gon dènnya lungguh | (ng)gêrêng ngêsês (m)barêbês-mili | Ki Wirya latah-latah | mojar karêpamu | tambane wong cêlangkrakan | jêr (m)bêdadhok(m)bêbadhok. durèn nora nganggo eling | kêponggene dèn-untal ||

10. Jayèngrêsmi mèsêm ngandika ris | iya ta lah e Nuripin sira | nèng paran repot sikile | mêsakakên sirèku | apa ingkang kinarya jampi | Jayèngraga lingira | (m)bok lir man pêngulu | kinojahan Jamil Jamal | biyèn kae apa ora wus mangêrti | tambaning bubul bêlak ||

11. Matur inggih kèngêtan kang jampi | Ki Kulawirya gumuyu mojar | tamba bubul mono kae | nora kaya bêluluk | dèn-bênêm kang panas anuli | pinidak nèng bubulnya | dèn-kongsi asêru | yèn kadi iku wêsi bang | linodokkên Ki Nuripin kirig-kirig | mêlorok gêrundêlan ||

--- 9 : 152 ---

12. Ingkang sarwa nglarani dènnya ngling | sok nora têpa-têpa sarira | dumèh yèn dudu dhèwèke | Jayèngrêsmi lon muwus | wawi paman Luhur wis akir | anulya samya salat | antara bakda wus | umangkat dènnya lêlampah | ngidul-ngetan tumurun lon-lonan dening | nganti Nuripin randhat ||

13. Dadya nanggung kongsi Asar akir | arèrèndhon praptèng Selalawang | kampir ing dhusun Têgarèn | anon sêndhang ingriku | samya siram mèt toyastuti | asalat wêktu Ngasar | jênêk dènnya kasud | sawusira bakda salat | Jayèngrêsmi ling lah Nuripin sirèki | nêmbunga panginêpan ||

14. Maring desa ing kene dèn-aglis | gajêg rada desa gêdhe mana | kang liningan mentar age | kadhingklangan lumaku | praptèng desa panggih pêtinggi | anutur mula-buka | nirandon ngêlangut | sarwi nêmbung pasipêngan | anauri ki pêtinggi lah ya bêcik | Nuripin wangsul agya ||

15. KacingkraganKacingkrangan. tan rikat lumaris | prapta ngarsa anèng Selalawang | umatur ing bêndarane | katur sêdayanipun | Kulawirya ngling èh Nuripin | sun-dulu lakunira | krêp mandhêg tumungkul | lir têmu lawan bêndara | sapa kang nakoni sira anèng margi | lèhmu (n)dhodhok agêpah ||

16. Asedhokan sêmbahmu Nuripin | satêmêne bae bêlaka-a | atiku bangêt kagète | sing kok sêmbah dhèk mau | èh e sapa matur Nuripin | umatur kutawèlan | (ng)gèn-kula lumaku | tan wontên punapa-napa | kula botên (n)dhodhok-(n)dhodhok awak mami | winastan nêmbah-nêmbah ||

17. Botên nyêmbah-nyêmbah kêlah-kêlih | tiyang (n)dheprok sring kêgriyul krakal | myang kacêkrok ing drêjêge | lir gograg raosipun | dêlah mangke taksih asakit | Ki Wirya wuwusira | dhasar tukang umuk | kapan lèhmu tau gograg | ting palêsat balung kêjaba wong mati | lawas gugrag balungnya ||

18. Isih waras-wiris amêringis | tutur gograg durung tau gograg | Nuripin mlerok lirike | èh e sampeyan niku | tiyang matur dèn mimiciki | punapa botên (ng)giha | limrah tiyang muwus | Ki Wirya ngling hus mênênga | (n)dadak crèwèt lir mêrkara kêbosapi | mau priye dinuta ||

--- 9 : 153 ---

19. Umatur ya talah ngewuhkên ati |Lebih satu suku kata: Matur ya talah ngewuhkên ati. ngêsês-ngêsês ngrasakakên lara | Ki Wirya ngling lo edane | hakkang§ Prayoginipun / andang /. dèn-plaur bubul | matur mring wang asêlang-sêling | uga bubul rinêpa | gya cêlathu mring sun | matur hêm inggih sumangga | Jayèngrêsmi ngandika priye Nuripin | apa olèh inêpan ||

20. Matur angsal wismaning pêtinggi | nêmbung nunukêri pasipêngan | pêtinggi sumangga ture | ingaturan umangsul | maring dhusun paduka aglis | Jèngrêsmi aris nabda | [...] |Kurang satu baris: 6u. kang prayoga langgarira | Ki Nuripin umatur amba tan mèksi | duka-dalêm ing têngah ||

21. Ya wis payo yèn kasusu Mahrib | nulya lumampah mring padhusunan | tan dangu praptèng Têgarèn | pangguh lan kang tinêmbung | bubundhêle benggol wêwêri | brêngos crapang rinênggah | nyêkunthêng lir sungu | ngancarani ingkang prapta | Jayèngrêsmi samya tumamèng ing panti | tan pati ginêpahan ||

22. Mêksih sabêne gêlaranèki | ki prêtinggi nêmbramèng pambagya | sami wilujêng baguse | ing pundi wismanipun | sapa sintên sinambat wangi | Jèngrêsmi ris manabda | inggih paman têngsun | santri tirakat bêlaka | ran-manira kewala karan gus santri | asli ing Rintên-sowan ||

23. Kang puniki ri kula Jèngraga | kang satunggal paman Kulawirya | katri kawlas-ayun mangke | wangsul paman kang mungguh | sapa sintên pêparab nami | nauri kang liningan | inggih manira gus | tanya ing pêparab-ingwang | Candragêni kados tan wontên kêkalih | saluwaking bang-wetan ||

24. Kang misesèng mêrga wana wukir | myang sajroning ratri kaèdêgan | ing Candragêni Têgarèn | mêrgèng Bubuk puniku | gawatipun ngong kang ngawêri | inggih dhug-dhèng kawula | sablakaning wuwus | tan wontên sura lumampah | kathah kêdhik sun-gêpuk ngong-balèjèdi | mawur giris sar-saran ||

--- 9 : 154 ---

559. GirisaUntuk konvensi Gurisa biasanya guru lagu 'a', dengan jumlah wilangan 8 suku kata.

1. Jayèngrêsmi ling ing driya | ya talah cobaning Suksma | ingkang nêkani maring wang | muga kinuwat-nèng coba | sarta rahayuning mêrga | luputa ing pancabaya | jawane kêloloh lampah | têmah nêlalah ing manah ||

2. Wusana aris ngandika | paman punapa wontêna | langgar tuwin pakauman | Candragêni wuwusira | ingriki pan botên tatan | amawi kaham-kauman | wong sumuci-suci dhawak | wong kabèh klêbu nêraka ||

3. Aku dhewe munggah swarga | klakuane nglêbur sêga | mring bras pari kadi ama | sor glathik pêking nèng gaga | jalukan nora wèwèhan | sungkan doyanan dêlapan | tan nyupèkkên tekadira | santri satru§ Prayoginipun / santru /. kênèng lara ||

4. Lir kuwuk nglêburkên ayam | mèsêm kang para ngawirya | [...] ||Kurang satu baris: Samaya sumêlanging driya [sumber: koleksi Jurusan Sastra Daerah UNS]. tanpantuk kang pasipêngan | mêngkana kèmêngan ing tyas | dènyarsa awêktu salat | sung wuwus mêdal ing jaba | inginggihan sigra mêdal ||

5. Nuripin nambut wantiningwantingan. | titiga kang kêbak toya | cinangking binêkta mêdal | maring ing kêbon kang simpar | alèmèk ronning pisang |Kurang satu suku kata: alêlèmèk ronning pisang. pra ngawirya samya kadas | tinuruhan ing wantingan | wusing kadas lajêng kamad ||

6. Rêbat parlu wêktunira | aririh dènnira salat | bakda Mahribira pragad | wusing sunat wabin bengat | akasud pêndonganira | wus purna angangkat Ngisa | antara patang rêkangat | bakda salat myang witirnya ||

7. Sawusnya saliring purna | Jayèngrêsmi lon ngandika | bibisik marang kang paman | puniki paman ing lampah | sakêdhik ragi kêplanggrang | anèng wismaning durjana | pandugi kula sêdaya | sêdhusun sami durjana ||

8. Kang paman nauri sabda | nora basa sathithikeGuru lagu seharusnya: 8a, nora basa sathithika. | dhasar kêlorob bêlaka | kêpriye kono anakmas | Jayèngraga karêpira | matur kewala sumangga | Nuripin matur rênggosan | lamun pinarêng ing kêrsa ||

--- 9 : 155 ---

9. Sêwawi wangsul kewala | tirakat nèng Sela-lawang | nèng ngriki tyas tan sakeca | kawula botên anyana | lamun wismaning durjana | Ki Wirya ngling hus mênênga | sira nglêbokkên loroban | marma nèng kene kêsasar ||

10. Mêrgane têka ing sira | manira ngalih inêpan | sira karia priyangga | nèng kene dimènne sira | dèn-pênthungi wong sadesa | Nuripin maras tyasira | Jayèngrêsmi ris ngandika | punika man Kulawirya ||

11. Ing lampah lamun wangsula | sangsaya botên prayoga | dadya gagaping durjana | sami pinupus kewala | pan tinekatakên ing tyas | ganjaraning Hyang dhumawah | adhapur coba rêncana | pêparing Hyang Maha Mulya ||

12. Amanggiha papa wirya | wirang lamun sun-manggiha | wus sukur suka pirêna | nadhahi ganjaraning Hyang | sêwawi wangsul ing wisma | kêdangon anèng ing jaba | sêlak ginraitanan |Kurang satu suku kata: kasêlak ginraitanan. kathah-kathah kang rinasa ||

13. Gya samya masuk ing wisma | (ng)gyanning wau dènnya lênggah | ing salu bale-watangan | tan ewah gêlaranira | Ki Candragêni wuwusnya | anuduh mring baturira | undangên sapa kang ana | kang tinuding sigra mentar ||

14. Angundang têtangganira | tan adangu samya prapta | anyangking bêdudanira | tan ana nyandhang prayoga | kêmul bêbêd kèh kang cotha | ambrubul srênti kang prapta | têpung du-dhêngkul akapang | dhapure akiwa-kiwa ||

15. Mêksih bêlêg ingkang prapta | sêsêg tan kêduman papan | samya wangsul nèng pêndhapa | kathah namaning durjana | wasta Ki Braja-lamatan | Mêrak-jamprong lan Jarangas | Candrakolik Bênce-lidhah | Brênggi-rowa Gagak-setra ||

16. Kuwuk-kiwul Kawuk-nasak | Cèlèng-bèlèk Sêndhang-asat | Lalêr-wilis Kombang-mêngêng | Citra-mêngêng Lalêr-mêngêng§ Limrahipun gatra Girisa dhawah lêgêna, namung gatra punika dhawah pêpêt / ê /. | Barong-kècèr Brajag-ambyar | Simbar-taji Braja-lintang | Tumbak-lêdhu Maju-jaja | Samba-ngèrèng Sambang-dalan ||

17. Sabuk-alu Lêsung-bêngkah | Bonjor-pêtung Jalu-mampang | Banthèng-warèng Gêmblang-serang | Kêndhil-wêsi Kala-kêthèk ||§ Gatra punika dhawah taling / è /.

--- 9 : 156 ---

Lingsang-tukung Giling-wajra | Têkèk-sumpil Kidang-tlangkas | Gathing-gayar Nila-sraba | Prêti-yuyu Sawit-wana ||

18. Gula-lèthèh Cabe-guna | Prêti-bèyès Baya-ngablak | Bênce-watu Satru-tapa | Macan-gaèng Kêbo-udhag | Baru-klinthing Gagak-sipat | Rajuk-kêling Kawul-rangah | Molot-mèlèr Megantara | Dhandhang-wiring Branjang-kawat ||

19. Macan-gêlut Tapêl-jlarang | Bajing-kirig Watu-kura | Sapu-angin Trênggiling-bang | Gathok-rase Udan-gêlap | Cèlèng-bolot Maducrêma | Gêntèng-ngèrèng Tali-wawar | Glinggang-jati Jati-ngarang | Lutung-mènglèng Kêthèk-mingkar ||

20. Dlèrèng-mèmrèng Sandhang-rowang | Jalak-linglung Braja-kalpa | Trênggiling-kêndhit Sanggabol§ Gatra punika dhawah taling-tarung, limrahipun dhawah lêgêna, punika nyimpang saking limrahipun sêkar Girisa. | Jêbug-aking Dhuplak-kawat | Sambêr-nyawa Sêmbur-adas | Opor-wewe Jati-wawar | Sandhang-lawe Gancang-awas | Sabêt-mèyèk Jrungkah-waja ||

21. Kathah warnining durjana | kang linggih salu sêdaya | barungan (m)bagèkkên samya | basane tan pati krama | winangsulan kêlujêngan | Candragêni wuwusira | mring rowang kang samya prapta | lah sapa kang olèh paran ||

22. Rêramban jamur janganan | nauri Braja-lamatan | janganan kang cêlak-cêlak | mêksih sami pupunthêsan | wikan ing têbih tinêba | ingkang dèrèng dipun-asag | pangadhanganing dêdalan | ing Bubuk lantan. pati mingsra ||

23. Wontêna kang langkung mêrga | sèkêt satus têrkadhangan | lêt sawulan kalih wulan | sêmantêna rêrêbatan | ukur dados sarèwèsan | prayogi dipun-pêpara | mring tanah mrika têbahan | kathah ronning lêmbayungan ||

560. Sinom

1. Sêdangunira mêngkana | cêcaturaning alinggih | dènnira ngampak ambegal | mêmaling nutur tan ering | satingkahing ajuti | kang

--- 9 : 157 ---

samya suka winuwus | jabèng jro tan prabeda | kang cinatur dènnya maling | mlêbu mêtu dêlajigan tanpa krama ||

2. Sore kongsi sirêp bocah | tan ana suguh mêtoni | kinang klobot bae ora | saya rusuh kang alinggih | asila tumpang sikil | sangga bêdudan ing janggud | Gêmblang-serang angucap | mungguh lumakwèng mêrgi |Kurang satu suku kata: mungguh lumaku ing mêrgi. prèhpun ngriku candrane wong kang lumampah ||

3. Lamun wong siji lumampah | lêlampah tiyang kêkalih | tuwin wong tiga sêkawan | miwah gangsal wong lumaris | Cèlèng-bèlèk nauri | wong siji bathang lêlaku | wong ro bathang cap-ucap | wong têtêlu gotong-mayit | yèn wong papat wus angêt lima pêndhawa ||

4. Jarangas sumambung mojar | mungguh yèn kula ngaranni | lamun wong siji lumampah | candu lêlaku pinacit | yèn wong loro lumaris | puniku tike lêlaku | wong tri apyun lêlampah | wong papat kutuk anggajih | yèn wong lima jambal mijah matêng mara ||

5. Samya gumuyu asumyak | sêsamur nglirik têtami | akèh samya bibisikan | ngrasani ngawirya katri | Samba-ngèrèng ngling ririh | kêlawan Ki Prêti-yuyu | iku dhayoh wong apa | apa iku sanaknèki | lan Ki Candragêni myang kêkaruhira ||

6. Nênanggung lakune samar | tan nyantri dora mriyayi | tirakat anggawa bandha | pêndhoke êmas angunir | lopak-lopak lan mawi | tlêkêm cêthut sogok untu | sami sêlaka pêthak | patute wong liya mampir | yèn sanake pêsthi rahab tinamuan ||

7. Wong iku lir wong têbihan | tan wruh cêcaraning ngriki | kêjaba iku dèn-rujag | sinêrèk§ Prayoginipun / sinèrèt /. kang wonge bêcik | lumrah sêdayanèki | mêngkono bibisikipun | Nuripin kadhêkisan | linggih jrih tan wani têbih | pan kêbêlêt nguyuh dèn-ampêt tan kêna ||

8. Nincing bêbêd tan kêtara | ambênggang lampit kinuwik | dèn-lon-lon thure uyuhnya | kêsamur gumêdêr angling | uyuh mili nêlêsi | Kulawirya nyampingipun | myang boconge Jèngraga | kailèn têlêsing nyamping | samya kagyat ririh ngêkêr kajatmikan ||

--- 9 : 158 ---

9. Ki Wirya bibisik tanya | banyu apa iki Ripin | matur ngalêsik punika | kawula ngompol sathithik | kula-ampêt tan kêni | kêmpung mênthêng kêdah nguyuh | Jèngraga mèsêm myarsa | Ki Wirya ambêkis ririh | dudu uwong Nuripin kêparat edan ||

10. Dèn cêkuthicêthuti. pupunira | pêngkêrêdan ajrih angling | mênawa salah graita | durjana kang sami linggih | Jèngraga abibisik | inggih paman pênêdipun | tumbas apyun supaya | wênang angenaki ati | wajib nuting tabiyate§ Prayoginipun / tabyating kang /. gadhah griya ||

11. Ngong lirik para durjana | bêdudan manggung kinisik | lir sêsêmon (n)jaluk madad | kêlamun datan kadyèki | pêsthi angincim-incim | mring dhayoh akarya dudu | dene yèn wus winoran | kêdah adamêl tan bêcik | inggih mupus nandhang cobaning Pangeran ||

12. Ing rêmbag katur ing raka | Jayèngrêsmi amarêngi | Ki Kulawirya ris mojar | ngong takon kang Candragêni | ngriki inggih punapi | wontên tiyang sade apyun | Candragêni ris mojar | o inggih dhi wontên ugi | Kulawirya ngulungkên arta sareyal ||

13. Punika kang sumapala | Candragêni anampèni | nulya nuding rencangira | tênggarèng tyase kang linggih | kang tinuding gya prapti | Prêti-bèyès tumbas apyun | apyun rêgi sareyal | apan angsal wrat sêtail | nulya kinèn angothok pinara tiga ||

14. Kinothok ngambèn kewala | kang saênggèn kinèn ngapti | kang ngothok Ki Braja-lintang | wawrat sareyal pribadi | ginodhog umob malih | nulya kinêcêran jêruk | ilang rêgêd sumilak | rêsik gêlabade minggir | gya ingêntas sinaring mori kinarya ||

15. Wus pinuh pamêrêsira | rêsike anggêtih pitik | bathokira ingarêngan | ginêbêg mêncorong asri | lir suwasa sinangling | krên binuwang awunipun | wus rêsik ginênènan | kayu wilah malêm aking | bathok sumalêngêt sampun ingêntasan ||

16. Pan alon pangrèwèsira | kumètès sru rinungwasri | dêmodol wus mata ula | tinanak palênthung siji | dinuga sêdhêngnèki | urubing gêni ingundur | nyandu bathok ingêntas | linèr ngulêg ing jariji | wus ngêlancêng binakalan yah uyahan ||

--- 9 : 159 ---

17. Cinukit anèng panglèran | amèlèr mêlês giniling | kang madad wus kinabulan | macupak sêrate aglis | ngaturakên ing ngarsi | Candragêni lon amuwus | ing kono saosêna | baguse ingkang anuding | ingaturkên pra ngawirya datan karsa ||

18. Kang ngothok wus samya dadya | ingaturkên ngawirya tri | angling sampun susah-susah | andika êsês pribadi | samya suka ing ati | ginèlèngan madadipun | dinum sêgèlèng adhang | pan dene ora wêradin | sagèlènge sinêrèt atêtogogan ||

19. Ramya sami sêsêrètan | asuka pating sarênthit | Candragêni lon lingira | (m)bok budi-daya pêpacit | dadak bae aglis |§ Kirang sawanda, prayoginipun / dadakan /. wong wus sayah têngah dalu | kang kinèn sigra mentar | wong rolas ngupaya pacit | tan antara ting garobyag samya prapta ||

20. Olèh nangka wuwutuhan | gêdhang tundhun suluh kuning | kêtela pêndhêm kucingan | sêmangka timun kêrai | ginembol ing jêjarit | têbu lonjoran pinanggul | dènnya ngambil rikatan | kang duwe sadhenggaknèki | nyênyamikan winadhahan anèng panjang ||

21. Rinumat sakênanira | sinaosakên ing ngarsi | cinarakkên sinauran | sêlot-sêloting ing mangkin | myang suguhe pribadi | juwadah jênang ing ngayun | pinangan ting kucapah | sêdaya samya têtawi | nanging para ngawirya tan arsa nadhah ||

22. Ngambil kewala asarat | sinèlèhkên ngarsanèki | supaya katon nanadhah | jatine tan rahab bukti | kang nyêrèt ting sarêlit | sarta kandhane kumrusuk | kang ngetang rêbat sangat | Raja-muka lawan Bincil | Kala-mudhêng ginambuh gigising donya ||

561. Gambuh

1. Gêmblang-serang amuwus | bibincilan Kala-mudhêng iku | lawan derah Raja-muka kukuh êndi | Yèn ngong Raja muka | Gagak-sêtra nambung wuwus | yèn ngong Raja-muka kukoh ||Lebih satu baris: baris ini tidak perlu dibaca.

2. Cabe-guna sumambung | Raja-muka niku rupa têlu | kang sawiji derah wowolu winilis | satêngah derah sêpuluh | myang derah rolas anganggo ||

--- 9 : 160 ---

3. Nauri Sabuk-alu | ingkang kula angge derah wolu | nambung angling mathênthêng Ki Jêbug-aking | tan karya derah sêpuluh | wus sêm ing tyas ngong pitados ||

4. Têkèk-sumpêl amuwus | tan madhani derah rolas ampuh | durung madal tatale yèn niniwasi | êndi kang sun-gêpuk tumpur | gampang tan tau kêcangkol ||

5. Bênce-lidhah sumambung | dangu-dangu ngong yêktèni tuhu | Rajamuka yèn rujuk kêlawan Binci | inggih Kala-mudhêng-ipun | yèn nêrajang pacak pangot ||

6. De wontên warnanipun | pun Jarangas wus ngampak ing Pulung | (m)bêkta kanca wong tigangdasa sasiki | wong nênêm pêngarêpipun | Jarangas kang dadi benggol ||

7. Pangrasane tan luput | dhasar randha suginesugihe. kêlangkung | kang Jarangas sorene ngong ruh-aruhi | dènnya nulup têngah dalu | anêrajang pacak abot ||

8. Bêndho kang mara rêmuk | kang tatu nêm kang mati têtêlu | duk patine Bajingbang Trênggiling-munir | katêlu Ki Cabak-bisu | Duljaya ingkang ambêstrong ||

9. Tan kêna sinung pemut | ngandêl Rajamukane mathêm wus | wakne dhewe Jarangas dipun-balêdig | kinuya-kuya binuru | mèh kurang thithik mêcethot ||

10. Lah ora ta kadyèku | Jarangas gumuyu manthuk-manthuk | katujune nora kêcandhak wak-mami | yèn aja ageya (ng)glundhung | ing jujurang pêsthi lodong ||

11. Jèngraga mèsêm guyu | lèjêm sasmita mring pamanipun | myarsa kang cinatur (ng)gèn durjananèki | duk pangampake ing Pulung | kaum Duljaya kang jarot ||

12. Sami guyu ginuyu | sarwi nyêrèt jegang miwah timpuh | sila tumpang angêthèngkrang turon miring | myang pacitan sêptanipun | têbu miwah rujak crobo ||

13. Ana pacitan cimplung | kang pacitan ayêm myang kêkêcut | kang pacitan sabun sinantênan tuwin | sêsêpêt pacitan sêndul§ Prayoginipun / sêntul /. | Candragêni lingnya alon ||

--- 9 : 161 ---

14. Prayoginipun bagus | kula-turi tilêm sampun dalu | anèng griya ing ambèn agêng abêrtib | Jèngrêsmi nauri wuwus | gampil ing mangke kemawon ||

15. Candragêni malih wuwus |Lebih satu suku kata: Candragêni mlih wuwus. ingkang pitados andika bagus | inggih-gihan Ki Candragêni pan sarwi | anyêrèt pacitan candu | bêdudan ponthang mas kaot ||

16. Wênèh bêdudanipun | pring kuda pat kilan panjangipun | myang pring pêtung jêjalêran kang pring lêgi | pring lutung tutul wulung |Kurang satu suku kata: pring lutung atutul wulung. lumrah kang cêndhak inganggo ||

17. Dhapure lêbus-lêbus | tingkah gêcul diksura ing wuwus | wus tan awor lan dhapurane wong bêcik | êndhèk dhuwur lêmu kuru | ulate anjênggod-jênggod ||

18. Mata ngatal anglamuk | surat abang lambe biru-biru | ulat cêlom lutih-lutih wani gêtih | manggan mripati§ Prayoginipun / magan mrapati /. tan gigu | pra durjana setan katon ||

19. Candragêni amuwus | tutugna lèhmu caturan mau | ti-atinên aywa ta kurang piranti | karana paitan umur | mênawa tiwas kêtanggor ||

20. Cabe-guna agupuh | majar nuduh marang Bênce-watu | mara bincilana krikil dèn-nastiti | aywa na kodhêng kêliru | mijilkên bincile manggon ||

562. Mijil

1. Candragêni wuwusira aris | lah mara ing kono | bincilana ingong unènane | sun-wiwiti iya Akat Lêgi | sami gangsalnèki | kêtêmu sêpuluh ||

2. Dèn-aranni Aras-pêpêt nênggih | ingècèran andhok | wayah sore nèng têngah lakune | wetan suwung kidul Pacak-wêsi | ingkang kilèn Êsri | miwah lèr Srinipun ||

--- 9 : 162 ---

3. Lajêng têngah wênginipun nênggih | kang laku nèng êlor | têngah suwung wetan Kala-ngantèn | kidul suwung kilèn (ng)gonning Êsri | [...] |Kurang satu baris: 6i. nèng lèr lakunipun ||

4. Têngah suwung kilèn ingkang Êsri | wetan apan towong | kidul pacak pan wus sêdalune | nulya Akat Paing dèn-ècèri | lima lan sangèki | pan patbêlas têmu ||

5. Lakuning wulan kang andarbèni | bincilane andhok | ing sorene nèng têngah lakune | wetan suwung kidul Kalang-ngantin | ingkang têngah Êsri | kilèn Kala nyamur ||

6. Wanci têngah wêngi lajêngnèki | yèku têngah mandhok | wetan suwung kidul suwung dene | kang lèr Kala-momor kilèn Êsri | bangun lajêngnèki | wetan lampahipun ||

7. Kidul suwung ingkang kilèn Êsri | kang lèr Kala-momor | têngah Êsri pan wus sêdalune | nulya Akat Êpon dèn-ècèri | lima pitu nênggih | ê-rolas pinanggih ||

8. Ing lakuning lintang kang (n)darbèni | bincilane andhok | ing sorene anèng lor lakune | têngah suwung wetan Kala-ngantin | ingkang kilèn Êsri | kidul Kala-nyamur ||

9. Lajêng wanci têngahipun wêngi | laku anèng kulon | lèr suwung têngah Kala-pêngantinGuru lagu seharusnya: 10e, lèr suwung têngah Kala-pêngantèn. | wetan suwung ingkang kidul Êsri | laju bangun enjing | ingkang têngah suwung ||

10. Kilèn lampah ingkang kidul Êsri | ingkang êlèr towong | wetan pacak pan wus sêdalune | nulya Sênèn Êpon dèn-ècèri | papat lan saptèki | sawêlas patêmon ||

11. Aras-kêmbang apan dèn-ècèri | ing sorene andhok | êlèr lampah nèng wetan pacake | kidul Kala-momor kilèn Êsri | têngah suwung nênggih | pan uwus sêdalu ||

12. Lajêng wanci têngahipun wêngi | kang lèr Kala-momor | wetan laku kilèn Kala-ngantinGuru lagu seharusnya: 10e, wetan laku kilèn Kala-ngantèn. | kidul suwung têngah Kala-mori | bangunipun enjing | kidul ingkang suwung ||

13. Wetan lampah ingkang têngah Êsri | kidul ingkang towong | kilèn suwung pan wus sêdalune | nulya Sênèn Wage dèn-ècèri | sami papatnèki | pan kêtêmu wolu ||

--- 9 : 163 ---

14. Ingaranan pan lakuning gêni | ingècèran andhok | ing sorene nèng kulon lakune | têngah Pacak wetan Kala-ngantin | ingkang kidul Êsri | êlor iku suwung ||

15. Lajêng têngah wêngi ècèraning | wetan Kala-momor | têngah suwung lèr Kala-pangantèn | kilèn suwung kidul lampahnèki | bangunipun enjing | kilèn ingkang suwung ||

16. Kidul lampah wetan ingkang Êsri | têngah Pacak abot | kang lèr suwung pan wus sêdalune | nulya Sênèn Kaliwon binincil | pat lan wolu nênggih | têmu rolas iku ||

17. Ingaranan Aras-kêmbang nuli | ingècèran andhok | sorene kilèn Kala-pangantèn | kidul suwung lèr Kala-momori | ingkang têngah Êsri | lajêng têngah dalu ||

18. Wetan laku kidul suwung lèr Sri | têngah Kala-momor | kilèn suwung lajêng ing bangunne | kidul lampah kilèn suwung lèr Sri | wetan Kala-mori | têngah blabak suwung ||

563. BalabakTeks asli: Bêlabak.

1. Gantya dintên Sêlasa Lêgi waniliswinilis. | bincile | têlu lima kêtêmu wolu lakuning | gênine ||

2. Ingècèran nulyandhok sorene wetan | suwunge | têngah lampah kidul Pacak kang lèr Êsri | ênggonne ||

3. Kilèn Kala-pêngantèn gya têngah wêngi | wancine | wetan Kala-pêngantèn kang kilèn Kala | -momore ||

4. Kang lèr lampah têngah suwung anèng kidul | Pacake | lajêng bangunnipun-enjing ingkang têngah | suwunge ||

5. Wetan suwung kidul Pacak kilèn Êsri | ênggonne | kang lèr lampah apan wus praptèng sêdalu | etange ||

6. Nulya Slasa Paing têlu lan sêsanga | nêptune | pan kêtêmu rolas iya Aran-kêmbung* Prayoginipun / Aras-kêmbang /. | aranne ||

--- 9 : 164 ---

7. Ingècèran Kala-mudhênge nulyandhok | sorene | kilèn lampah lèr suwung kang wetan Kala | -pêngantèn ||

8. Wetan Kala-momor ingkang kidul Êsri | ênggonne | binanjurkên ècèraning Kala-mudhêng | tutuge ||

9. Têngah wênginipun apan anèng kilèn | lampahe | têngah suwung lèr suwung kang kidul Kala | -momore ||

10. Kilèn lampah wetan Êsri lajêngira | bangunne | têngah suwung kidul suwung wetan Êsri | ênggonne ||

11. Ingkang kilèn Kala-momor kang lèr laku | prênahe | nulya Slasa Pon pipitu lan têtêlu | nêptune ||

12. Pan kêtêmu sêpuluh kang Aran-pêpêt§ Prayoginipun / Aras-pêpêt /. | aranne | têngah Êsri wetan sri kang kidul lampah | sorene ||

13. Kilèn suwung lèr Pacak gya têngah wêngi | etange | wetan lampah kidul suwung kilèn Kala | -pêngantèn ||

14. Têngah Êsri lèr suwung ing wanci enjing | bangunne | kidul lampah kilèn suwung wetan Kala | -pêngantèn ||

15. Têngah Êsri lèr Pacak nulya Sêlasa | Wagene | têlu papat kêtêmu pitu kang bumi | lakune ||

16. Kilèn lampah têngah Pacak wetan Pacak | sorene | kidul Êsri lèr suwung gya têngah wêngi | bincile ||

17. Kidul lampah kilèn suwung kang lèr suwung | karone | têngah Pacak wetan Sri nulya Sêlasa | -Kliwonne ||

18. Têtêlu lan wolu kêtêmu sawêlas | nêptune | Aras-tadingAras-tuding. wastanya gya ingècèran | sorene ||

19. Wetan lampah kidul suwung kilèn Pacak | -wêsine | kang lèr Kala-momor ing têngah pan Êsri | ênggone ||

20. Lajêng têngah wêngi lèr suwung kang kilèn | lampahe | wetan Kala-momor ing têngah Kala |Kurang satu suku kata: wetan Kala-momor ing têngah pan Kala. -pêngantèn ||

21. Bangun enjang kilèn lampah wetan Kala | -momore | têngah suwung lèr suwung kang kidul Êsri | ênggonne ||

--- 9 : 165 ---

22. Nulya gantya ing dintên Rêbo Lêginya | wiwite | lima pitu kêtêmu rolasan Aran§ Prayoginipun / Aras /. | -kêmbange ||

23. Ingècèran nulyandhok kang kidul lampah | sorene | kilèn suwung wetan Sri kang têngah Kala | -momore ||

24. Kang lèr Kala-pêngantèn gya têngah wêngi | binjilebincile. | kidul lampah kilèn suwung wetan Kala | -momore ||

25. Têngah Êsri lèr suwung anuntên bangun | enjinge | kilèn lampah lèr suwung ing wetan Kala | -momore ||

26. Têngah suwung kidul Sri anulya Rêbo | Painge | pitu lan sêsanga katêmu nêmbêlas | nêptune ||

27. Pan lakuning banyu ingècèran andhok | sorene | têngah lampah wetan suwung kilèn Kala | -momore ||

28. Kidul Pacak lèr Sri lajêng têngah wêngi | wayahe | kang lèr lampah têngah suwung wetan Kala | -pêngantèn ||

29. Kidul suwung kilèn Sri lajênge bangun | enjinge | kang lèr lampah têngah suwung kilèn Kala | -momore ||

30. Kidul Pacak wetan suwung nulya Rêbo | Êpone | sami pitu apan katêmu pathêlaspatbêlas. | nêptune ||

31. Pan lakuning wulan ingècèran andhok | sorene | wetan lampah kidul suwung kilèn Kala | -pêngantèn ||

32. Têngah Sri lèr Kala-momor lajêng têngah | wêngine | wetan lampah kidul suwung kilèn Kala | -pêngantèn ||

33. Têngah Sri lèr Kala-momor lajêng wanci | bangune | wetan lampah kidul suwung kilèn suwung | lèr Sri-ne ||

34. Têngah Kala-momor bangunnipun enjing | lèr Sri-ne | kidul laku kilèn suwung têngah Kala | -pêngantèn ||

35. Wetan Kala-momor nulya Rêbo Wage | etange | papat lan pipitu kêtêmu sawêlas | nêptune ||

36. Ingranan Aras-tuding ingècèran | andhoke | ing sorene têngah laku kilèn Kala | -momore ||

37. wetan suwung kidul Pacak kang lèr Êsri | ênggone | têngah dalu kidul laku kang lèr Kala | -pêngantèn ||

--- 9 : 166 ---

38. Kilèn suwung têngah Kala-momor nênggah | ênggonne | wetan Pacak-wêsi lajêng bangun enjing | wancine ||

39. Kidul laku kilèn suwung têngah Êsri | prênahe | wetan Pacak nulya ing Rêbo Kaliwon | dinane ||

40. Pipitu lan wolu kêtêmu limalas | nêptune | lakuning surya ingècèran nulyandhok | sorene ||

41. Kilèn laku lèr suwung kang wetan Kala | -momore | têngah Pacak kidul Sri gya têngah wêngi | bincile ||

42. Kidul laku kilèn suwung kang lèr Kala | -pêngantèn | têngah suwung wetan Sri gya bangun enjing | wancine ||

43. Kidul laku kilèn suwung wetan Kala | -momore | têngah Pacak lèr suwung kadya asmarankasmaran. | danane ||

564. Asmaradana

1. Gantya dintên Kêmis Lêgi | pancastha pangguh têlulas | lakuning lintang aranne | ngècèran andhok sorenya | wetan Sri kidul lampah | kilèn suwung têngah suwung | ingkang lèr Kala-pêngantèn ||

2. Lajêngipun têngah wêngi | kidul laku têngah Pacak | ingkang wetan Kala-momor | kilèn sonya kang lèr sonya | bangunne kidul lampah | kilèn suwung kang lèr suwung | têngah suwung kilèn Sri-nya ||

3. Nulya Kêmisipun Paing | nawastha têmu pitulas | lakuning bumi aranne | bincilan (n)dhok sorenya |Kurang satu suku kata: bincilan andhok sorenya. kilèn Sri têngah lampah | ing wetan apan suwung |Kurang satu suku kata: sisih wetan apan suwung. kidul Kala-momor (ng)gènnya ||

4. Kang nèng lèr Kala-pêngantin | lajêng têngah wênginira | lèr laku têngah sonyane | kidul so kilèn Srinya |§ Prayoginipun / sonya /. Pacak wetan bangunnya | wetan laku kidul suwung | ing têngah Kala-pêngantyan ||

5. Lèr suwung kang kilèn Êsri | anulya Kêmis Ponira | pitu lan wolu nêptune | apan kêtêmu limalas | lakuning banyu rannya | ingècèran andhokipun | sorene wetan lakunya ||

--- 9 : 167 ---

6. Kidul suwung têngah Êsri | ingkang kilèn pacakira | anèng lèr kang Kala-momor | lajêng têngah wênginira | lèr Êsri têngah lampah | kilèn suwung wetan suwung | kang kidul Kala-pêngantyan ||

7. Lajêng bangunipun enjing | têngah lampah wetan sonya | ingkang lèr pan Kala-momor | kidul suwung kilèn Pacak | nulya Kêmis Wagenya | papat kêlawan wowolu | têmu rolas Aras-kêmbang ||

8. Bincilan dhok sorenèki | têngah lampah wetan sonya | kang kidul Kala-pêngantèn | kilèn Kala-momor Srinya | lajêng têngah dalunya | têngah lampah wetan suwung | kilèn Sri kang kidul sonya ||

9. Lajêng bangunipun enjing | wetan lampah kidul sonya | ing têngah pan Kala-momor | kilèn Sri ingkang lèr sonya | gya Kêmis Kaliwonnya | apan sami wolu wolu | nêmbêlas lakuning toya ||

10. Ingècèran soranèki | wetan laku kidul sonya | kang kilèn Kala-pêngantèn | ingkang lèr Kala-momoran | têngah Kala-pêngantyan | lajêng têngahipun dalu | wetan lampah kidul sonya ||

11. Kilèn sonya kang lèr Êsri | têngah Kala-momorira | lajêng ing bangun enjinge | kilèn lampah kang lèr sonya | Êsri ing kilèn dhawah | têngah Kala-momoripun | jangkêping Kêmis pasaran ||

12. Gantya ing Jumungah Lêgi | lima nêm têmu sawêlas | ingaran Aras-tudinge | ngècèran sora andhoknya | kidul laku lèr Pacak | wetan Sri kang kilèn suwung | têngah Kala-momorira ||

13. Lajêng têngahipun wêngi | lèr lampah kang têngah sonya | ingkang kidul Kala-momor | kilèn Pacak-wêsi ika | wetan Kala-pêngantèn | lajêng bangunnipun esuk | kang lèr laku têngah sonya ||

14. Kidul Pacak kang kilèn Sri | ingkang wetan apan sonya | wus sadintên sadalune | nulya malih bincilan |Kurang satu suku kata: nulya malih binincilan. Jumungah Paingira | nênêm lan sanga kêtêmu | limalas lakuning surya ||

15. Ingècèran soranèki | têngah lampah wetan sonya | lèr Sri kilèn Kala-momor | kidul Pacak lajêngira | têngah dalu lèr lampah | têngah suwung kidul suwung | kang wetan Kala-pêngantyan ||

16. Kilèn Sri gya bangun enjing | lèr lampah kang têngah sonya | ingkang kilèn Kala-momor | kidul PecakPacak. wetan sonya | gya Jumungah Ponira | nênêm pitu pan kêtêmu | têlulas lakuning lintang ||

17. Binincilan sorenèki | têngah lampah wetan sonya | lèr Sri kilèn

--- 9 : 168 ---

Kala-momor | kang kidul ênggènning Pacak | lajêng têngah wênginya | lèr lampah kang têngah suwung | kilèn Sri kang kidul sonya ||

18. Kang wetan Kala-pêngantin | lajêng bangunnipun enjang | lèr lampah têngah sonyane | kang kilèn Kala-rakêtan | ingkang kidul pan Pacak | wetan sonya wus sadalu | nulya Jumungah Wagenya ||

19. Pat nêm kêtêmu sêdasèki |Lebih satu suku kata: Pat nêm têmu sêdasèki. ingaran Aras-pêpêtnya | gya ingècèran sorenya | kilèn laku kang lèr sonya | têngah Pacak Sri wetan | kidul Sri gya wanci bêdhug | kidul laku kilèn sonya ||

20. Ingkang lèr Kala-pêngantin | têngah sonya wetan Kala | lajêng ing bangun enjinge | kidul laku kilèn sonya | lèr sonya têngah Pacak | wetan Sri pan wus sêdalu | gya Jumungah Kaliwonnya ||

21. Nênêm lan wolu pinanggih | patbêlas lakuning wulan | binincilandhok sorene | kilèn laku kang lèr sonya | têngah Kala-pêngantyan | wetan kala momoripun | ingkang kidul Sri ênggènnya ||

22. Lajêng têngahipun wêngi | kilèn laku kang lèr sonya | ingkang kidul Kala-momor | wetan Sri kang têngah sonya | lajêng bangun èngjingnyaenjingnya. | lèr lampah kang têngah suwung | kidul pan Kala-pêngantyan ||

23. Kilèn Kala-momor nênggih | kang wetan Êsri ênggènnya | anulya ingkang gumantos | ing dintên Sêtu Lêginya | na lima lan sêsanga | têmu patbêlas pan laku | -ning wulan awirangrongan ||

565. Wirangrong

1. Ingècèran sorenèki | kidul (ng)gonne Kala-momor | kilèn Sri lèr lampah têngah suwung | wetan Kala-ngantin | lajêng têngah dalunya | lèr lampah kang têngah sonya ||

2. Wetan sonya kidul Êsri | kilèn (ng)gènning Kala-momor | bangunnipun enjing têngah laku | wetanipun sêpi | kidul Pacak-wêsinya | ingkang lèr Kala-momoran ||

3. Kilèn pan Kala-pêngantin | nulya Sêptu Paing mêngko | sanga

--- 9 : 169 ---

samya sanga pan kêtêmu | lan lakuning gêni | pan nulya ingècèran | sorene kang kidul lampah ||

4. Ingkang têngah Pacak-wêsi | wetan (ng)gonne Kala-momor | ingkang êlèr Pacak kilèn suwung | lajêng têngah wêngi | kilèn laku lèr sonya | têngah Kala-momor (ng)gènnya ||

5. Kidul Pacak wetan Êsri | bangun enjing laku nèng lor | kang kilèn Êsrinya têngah suwung | kidul Kala-mori | wetan Kala-pêngantyan | nulya Sêptu ing Ponira ||

6. Sanga lan pitu pinanggih | nêmbêlas pan banyu rêko | ngècèran sorenya kang lèr laku | wetan Kala-ngantin | têngah pan sonya |Kurang dua suku kata: têngahipun pan sonya. kang kilèn Kala-Êsrinya ||§ Prayoginipun / kang kilèn Kala-pêngantyan /.

7. Kidul pan Kala-momori | lajêng têngah wêngi rêko | ingkang êlèr lampah têngah suwung | ingkang kidul Êsri | kilèn Kala-momoran | ingkang wetanipun sonya ||

8. Lajêng bangunnipun ênjing | ingkang kilèn Kala-momor | nèng wetan lampahnya kidul suwung | ingkang têngah Êsri | êlèripun pan sonya | nulya Sêptu Wagenya ||Kurang satu suku kata: nulya ing Sêptu Wagenya.

9. Papat lan sanga pinanggih | têlulas lintang kang lakon | ngècèran sorenya wetan laku | kidul suwung nênggih | kang kilèn (ng)gènning Pacak | têngah Sri lèr Kala-momornya ||Lebih satu suku kata: têngah Sri lèr Kala-mornya.

10. Nulya têngahipun wêngi | têngah lampah wetan lowong | kidul Kala-ngantyan kilèn suwung | ingkang êlèr Êsri | lajêng bangunne enjang | têngah lampah wetan sonya ||

11. Ingkang kilèn Pacak-wêsi | anèng lor kang Kala-momor | ingkang kidul sonya wus sêdalu | nulya Sêptunèki | Kliwon wolu lan sanga | apan kêtêmu pitulas ||

12. Ingaran lakuning bumi | sorene ngècèran andhok | ingkang wetan lampah kidul suwung | kilèn Kala-ngantin | lèr Kala-momor ika | kang têngah Êsri nggènira ||

13. Lajêng têngahipun wêngi | lèr Sri têngah Kala-momor | ingkang wetan lampah kidul suwung | lajêng bangun enjing | lèr lampah têngah sonya | kang wetan Kala-momoran ||

--- 9 : 170 ---

14. Ingkang kidul Pacak-wêsi | kang kilèn pan Kala-momor | wus têlas sêdaya dina pitu | lan pasaranèki | Candragêni lingira | iku padha imanêna ||

15. Nadyan wus pintêr ngècèri | yèn atine tan tuwajoh | tanggung pangandêlnya nora ampuh | Kalamudhêngnèki | dadya kodhêng tyasira | dene yèn ngandêl pitaya ||

16. Salakunira asêkti | apan bisa nora katon | krana lakunira dolan umur | yèn sisip bilai | ati kurang pracaya | marang Kalamudhêngira ||

17. Ilmuning wong mara bêngi | Kalamudhêng iku anggon | lawan rajamuka datan kantun | kang sun-karêmêni | pan iya derah rolas | tanggal pisan jaba mênang ||

18. Kang jro apês jayanèki | tanggal ping ro jro kang jarot | kang nèng jaba rusak tanggal têlu | sami jayanèki | yèn rusak samya rusak | raharja sami raharja ||

19. Tanggal ping pat jaya jawi | tanggal ping lima jaya jro | tanggal ping nêm ramya kaping pitu | jaya kang nèng jawi | ping wolu jro kang jaya | tanggal kaping sanga ramya ||

20. Ping sêpuluh jayèng jawi | ping sawêlas jaya kang jro | kaping rolas ramya tlulasipun | kang jaya ing jawi | pathêlaspatbêlas. jro kang jaya | tanggal ping limalas ramya ||

21. Nêmbêlas kang jayèng jawi | pitulas kang jaya nèng jro | wolulas ramya lajêngipun |Kurang satu suku kata: wolulas ramya salajêngipun. sangalas kang jawi | kalihdasa jro jaya | tanggal ping sêlikur ramya ||

22. Dwilikur kang jaya jawi | tigalikur kang jayèng jro | kawanlikur ramya limalikur | kang jaya nèng jawi | nêmlikur jro kang jaya | tanggal pitulikur ramya ||

23. Wolulikur jaya jawi | sangalikur kang jaya jro | tigangdasa ramya lah wus puput | pangetangirèki | Kala-mudhêng lan Raja | -muka kanthine tan pisah ||

--- 9 : 171 ---

566. Kinanthi

1. Yata ngawirya kêtêlu | minggu tan ana kêrsa ngling | tan jumbuh raosing driya | gèsèh tan condhong ing kapti | arsa muwus mênggah-mênggah | tan pati kasdu ing galih ||

2. Jèngrêsmi micarèng kalbu | kèngêtan wuwusirèki | ki tuwa ing Padhangeyan | Wargasastra dènnira ngling | jarwaning Panitisastra | sêrambut datan anilib ||

3. Kayêktin lêlèjêmipun | sêdaya kang sami linggih | tan ambêthèk kawistara | sêmune angincim-incim | mêncurêng lir kucing mulat | ulam kang tan dèn-sasabi ||

4. Jèngraga Kulawiryèku | kêpagol pêgêl kang galih | liriking para durjana | tan ana kang wruh ing bêcik | cipta yèn acak prakara | ing mêngko mrih angalani ||

5. Dadya sumuk netya rêngu | tan beda Kulawiryèki | kalêkêde wus kadhadha | mapan ing tyas sêmu runtik | tinekatkên suranira | datan nêdya angoncati ||

6. Marêngut netyanya sêndhu | Nuripin tyasira sêdhih | mulat ing para durjana | gunêman pating barisik | sinamur sinambi sêrètan |§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / sambi /. kang guywan myang kang bibincil ||

7. Nuripin ngêrês ing kalbu | pyang-pyangan tan duwe ati | kêlangkung ajrih kumrêngkang | rêp nguyuh tan wani mijil | kêmpunge mêkênêng lara | kêbêlêt nguyuh tan sipi ||

8. Mèngkat-mèngkot dènnya lungguh | muring-muring jroning ngati | bilah uyuh iki beka | sabêne nora kadyèki | de tan warêg dening toya | kudu nguyuh bae iki ||

9. Yèn nuju kêsamur wuwus | Nuripin anggêgês lampit | galar winêngkang supaya | bisa nguyuh ing (ng)gonnèki | yèn kala tan ana mojar | ingampêt uyuhirèki ||

10. Lamun gumêdêr angguyu | gya nguyuh kumrocok pêsing | Ki Wirya nolih lon mojar | dudu wong setan Nuripin | ambakna nguyuh gêndhila | mêngko ga nyikut wong mami ||

--- 9 : 172 ---

11. Nora mênêng-mênêng nguyuh | kêparat edan Nuripin | sêsore nguyuh ping sanga | kêjaba kang tan wruh mami | samangsa yèn dak tapuka | cocotmu njêngat anjondhil ||

12. Nuripin abêkah-bêkuh | jrih umatur dèn-dukani | Jèngraga mèsêm tumingal | mring paman ambêkis ririh | Ki Candragêni lon mojar | mring ngawirya kèn aguling ||

13. Kang ngaturan datan ayun | mêksih sêkeca alinggih | Candragêni malih mojar | mring rowange durjanèki | lan lakuning Naga-dina | têlu iku aywa lali ||

14. Dhingin Kala-mudhêng-ipun | ping ro Rajamuka iki | katêlu lan Naga-dina | rujukna parênging bêcik | yèn wus padha bêcikira | tri prêkara iku pêsthi ||

15. Tan ana kuwatiripun | sasat mêthik wohing ranti | luput ing guna sarana | pekan pêndhêman piranti | tulak tumbal japa-mantra | miwah Sastra pinêdhati ||

16. Naga-dina lampahipun | witing dina Akat nênggih | iku marêp ngalor-ngetan | yèn dina Sênèn marêngi | marêp ngetan bênêr (ng)gènnya | yèn dina Sêlasa-nèki ||

17. Ngidul-ngetan arêpipun | lamun dina Rêbo nênggih | marêp ngidul bênêr (ng)gènnya | kêlamun ing dina Kêmis | marêp ngidul-ngetanngidul-ngulon. Naga | yèn dina Jumungah-nèki ||

18. Ngalor-ngulon arêpipun | lamun dina Sêtu nênggih | marêp ngalor bênêr (ng)gènnya | wus jangkêp Naga winilis | poma-poma sira padha | anggonên kang tri prakawis ||

19. Lan malih prantining laku | kang nganggo wong dadi tindhih | dèn-aranni Nujum-jaya | apês ungguling pakêrti | sarat gaweya pangarsa | sulih pacalèng pakêrti ||

20. Prang nadyan totohan iku | myang padu rêbat prakawis | kalamun dina Jumungah | wong lêkêr wêdananèki | andik tingale dikdaya | anèng lor yajanirèki ||

21. Kalahane wong kang mêsum | kidul somahanirèki | yèn dina Sêptu kang jaya | wong kang mêsum talup lutih | nèng kidul pomahanira | kang kalah wong tipis rai ||

--- 9 : 173 ---

22. Ingkang lèr pomahanipun | yèn dina Akat wong tipis | wêdanane kang ajaya | lor kilèn pomahanèki | kalahane wong dhêdhêmpak | lèr-kilèn pomahanèki ||

23. Yèn ing dina Sênènipun | wong dhêdhêmpak kang jaya-di | lor kulon pomahanira | wong ngrangkung kalahanèki | kidul-kulon pomahannya | yèn dina Sêlasa nênggih ||

24. Kang dikdaya wong angrangkung | kidul-kilèn (ng)gyannirèki | wong edhor pêngawak Sêmar | puniku kalahanèki | kilèn lêrês wismanira | nulya dina Rêbonèki ||

25. Wong edhor kang dikdayèku | lor-kulon pomahanèki | puniku ingkang ajaya | kalahane wong dêdêling | kidul wetan pomahannya | kêlamun ing dina Kêmis ||

26. Wong kang adêdêling lurus | kang dikdaya ing pakêrti | kidul-wetan pomahannya | wong lêkêr kalahanèki | lor bênêr pomahanira | lan ana kancane§ Prayoginipun / kanthine /. malih ||

27. Ing dina Jumungah mau | wong kang lêkêr ulat andik | dikdayane akanthiya | wong edhor pawak Nyêmari | iku kang anjungjung jaya | prayoga kinarya kanthi ||

28. Kêlamun ing dina Sêptu | wong kang mêsum talup lutih | kang dikdaya akanthiya | wong kang lurus adêdêling | dadya pênjunjunging jaya | sêlamêt ginawe kanthi ||

29. Yèn ing dina Nga-atipun | wong tipis wêdananèki | dikdayane akanthiya | wong lêkêr tingale andik | yèku kang anjunjung jaya | sêntosa dènnira kanthi ||

30. Yèn ing dina Sênènipun | wong ingkang dhêdhampak nênggih | dikdayane akanthiya | wong kang talup lutih-lutih | prakosa anjunjung jaya | prayogane kang kinanthi ||

31. Yèn dina Sêlasanipun | wong kang ngrangkung kang linuwih | dikdayanya akanthiya | wong kang wêdanane tipis | kang mawa anjunjung jaya | rahayu kêlawan kanthi ||

32. Yèn ing dina Rêbonipun | wong edhor pawak Sêmari | dikdayane akanthiya | wong dhêdhampak kang pinilih | sayêkti anjunjung jaya | tan larang kinarya kanthi ||

--- 9 : 174 ---

33. Yèn ing dina Kêmisipun | wong lurus ingkang dêdêling | aywa pisah akanthiya | wong kang angrangkung puniki | saèstu anjunjung jaya | sarate ingkang kinanthi ||

34. Tamat kang Nujum-jayèku | lakuning wong dadi tindhih | yèku lamun sira padha | ngrèh wong akèh ing karyèki | tan kêna ra amiliha | wong anom ingkang nujoni ||

567. Sinom

1. Candragêni malih mojar | pituhunên iku bêcik | yèn laku gêdhe kewala | Nujum-jaya aja lali | dene yèn laku cilik | tri kae mau wus cukup | Kala-mudhêng lan Raja | -muka Naga-dinanèki | tan kuwatir yèn sira tumêmên nganggya ||

2. Saur-manuk pra durjana | inggih kadospundi malih | kêlamun tan mituhu-a | ing ngèlmi ingkang pinusthi | suprih lujênging kardi | wong sampun dèn-tohi umur | yèn ta tan ngimanêna | angangkah wilujêngnèki | datan gadhah umur pamèr lan pêdinan ||

3. Ginuyu rowange samya | Ki Lutung-mènglèng (ng)guyoni | yèn mojar si Kêthèk-mingkar | angguyokkakeangguyokake. wong linggih | paribasan wong angling | bisa mati kaping pitu | rinampog tinugêla | apan bisa urip malih | iku priye apa ra umur pamèran ||

4. Patine umur padinan | umur pamèr urip malih | mara ta yèku rasakna | kèhing wong ana kang sêkti | Kêthèk-mingkar nauri | e lah ya iku ta êmbuh | mung ngrungu ing pocapan | kang mati bisa rip malih | aji Pancasona mawa bisa gêsang ||

5. Pèkne mêngkonone ingwang | maune iya wus ngaji | jaya aji Pancasona | pan akèh wêjani mami | kêlasa-bantal abrit | lan lawan sakêbar rurub | myang jambe suruh pisang | tindhihe wutuh rong anggris | kang amuruk Ki Gagang-aking Magêtan ||

6. Wus cakêp padha sadhela | nanging lakune ngluwihi | bot arang wong kaduga |Kurang satu suku kata: bot arang wong kang kaduga. mutih patang puluh ari | pati-gêni saptari | sartane karo ambisu | malêbu ing kuburan | gêrowong kang dèn-ênggonni | datan mêtu yèn tan wusing pitung dina ||

--- 9 : 175 ---

7. Ngalakoni tapanira | durung tutug wangênnèki | kasêlak ingong anyuntak | sun-angkati wali-wali | lawan lawasing sasi | ambungkah batal tan tutug | kongsi saprene iya | nora tutug-tutug mutih | durung ngandêl tyas-ngong aji Pancasona ||

8. Ginuyu kiwa têngênnya | latah Lutung-mènglèng angling | bênêr lèhmu tan pitaya | tapamu nora dumugi | kabèh kadya sirèki | ngaji Pancasona iku | nanging arang kang kuwat | yèn kuwat mêsthi sayêkti | Mêrak-jamprong gumuyu sumambung mojar ||

9. Lèhira angaji Panca | -sona mring Ki Gagang-aking | sakuloning Bubuk ika | ing Mênggah ancala cilik | Lutung-mènglèng nauri | lan Kêthèk-mingkar sumaur | inggih mangsa wontêna | Ki Gagang-aking kêkalih | namung ngriku Ki Gagang-aking ing Mênggah ||

10. Lèhmu ngaji Pancasona | têka seje lawan mami | tapanipun yèn manira | turu patangpuluh ari | sadina lan sawêngi | apan tangi kaping pitu | apan mangan kaliyang | wus datan ngangge jêjarit | iya sarta ambisu yèn dhèhèm batal ||

11. Mêngkono yèn mungguh ingwang | (ng)gyanningong ngaji duk uni | Ki Limut ing Panarukan | ing Cêpidhas wukir cilik | akèh ingkang (ng)guroni | wong Bali Madura mriku | sumawana wong Jawa | kang samya ulah kasêktin | akèh bae kang kêtrima jayanira ||

12. Mara priye ucapêna | ajimu Pancasonèki | yèn gèsèh kêlawan ingwang | wuruke Ki Gagang-aking | Lutung-mènglèng ngling ririh | mathênthêng ngapalkên ngèlmu | ajiku Pancasona | ana wiyat jroning bumi | surya murub ing bantala bumi sapta ||

13. Anêlahi sabuwana | raina tan kêna wêngi | urip tan kênaning pêjah | sun pêngawak jagad iki | amati nora mati | tlêncêng gêni tanpa kukus | clêng-culêng clêng-culênga | kasangga ibu prêtiwi | tangi dhewe urip dhewe anèng jagad ||

14. Musthika lananging jaya | jayane Rawana aji | hêm aku si Pancasona | ratuning nyawa sêkalir | Mêrak-jamprong ngèsêmi | sarya-lon dènnira muwus | apa mung sagêndhaga | tan ana lanjare malih | Lutung-mènglèng ngling inggih mung sagêndhaga ||

15. Kêthèk-mingkar nambung sabda | kakang Mrak-jamprong dospundi |

--- 9 : 176 ---

aji (n)dika Pancasona | Mrak-jamprong nauri aris | dene ing aji mami | pan mêngkene ing mèlipun | sang aji Abisana | makutha-raja sinêkti | jati-maya mrub sacakraning gilingan ||

16. Manêngjud-jatining Suksma | Suksma wasesa sêjati | Sukma jatining manungsa | yèn sung§ Ing Sêrat Cênthini Pisungsung / yèngsun /. kang badan Sukmadi | tan ana angloroni | mung ingsun ratuning umur | urip tan kênèng pêjah | langgêng uripku pribadi | risik putih tangiya nulya wisesa ||

17. Sun sang aji Abisana | sabwana tan ana urip | hêm hêm turaba turaba | pan sarwi anatab bumi | tan ambêgan kaping tri | jroning gawe nora idu | kang samya gunêm jaya | bêdhêdhêg tan ana ering | ngiras umbag kaprawiraning durjana ||

18. Candragêni mèsêm mojar | sarwi nyêrèt turon miring | liyangan têkukan bantal | pacitane rujak-ati | maring ing kono bêcik | padha ngapalêna ilmu | ngiras pêpagêr awak | ing wêngi ngapalkên aji | têka-bêla§ Prayoginipun / kêtabêlan /. kêmayan sisirêp jaya ||

19. Dadya tan ana riringa | dènnira ngapalkên aji | Ki Kuwuk-mingkar rêrasan | kêlawan Ki Kêndhil-wêsi | sisirêpmu ingkang priye |Guru lagu seharusnya: 7i,. kang Kêndhil-wêsi |Kurang tiga suku kata: 8u. nauri e èh iya | mêngkene sisirêp mami | si jêgod karubuhan gunung prakêmpa ||

20. Mati (n)dhase rip buntutnya | wong sakêthi padha mati | wong salêksa padha wuta | wong sèwu turu kêpati | pan ora tangi-tangi | yèn tan sun-nangèkkên iku | nulya sawur kêmaya | yèn sawur tan tibèng siti | pêsthi tan ana nglêsêd kang duwe omah ||

21. Sira piye sirêpira | Ki Kawuk-nasak nauri | ajiku si Begananda | têdhuh dhipêt kapulut ing | Naga-pasa tan osik | jublêg mênêng kaya watu | hêm wuta-wuta-wuta | cat cabak satêngah mati | aja obah molah bancèt ana ula ||

22. Nulya asawur kêmayan | anjêthèt gêdhèg ping siji | yèn adhêm gêdhège tandha | kang duwe omah lir mati | kèh linge durjanèki | kang samya ngapalkên èlmu | jêjapa jaya-jaya | kadikdayan ing kasêktin | pan sajuru jurudêmunge kang jaya ||