Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 10 : [0] ---

SÊRAT CÊNTHINI LATIN 10

YAYASAN CÊNTHINI YOGYAKARTA

--- 10 : [i] ---

SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS)

Yasandalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta

JILID X

Kalatinakên Miturut Aslinipun dening KAMAJAYA

[Grafik]

Penerbit: YAYASAN CENTHINI Yogyakarta, 1990

--- 10 : [ii] ---

Penerbitan punika dipunwragadi dening Dana Banpres S.K. No. 030/8/Th.1988 Tgl. 29-2-1988

Babon ingkang kalatinakên

Sêrat CênthiniDitulis dengan huruf Jawa.

SÊRAT CÊNTHINI

Koleksi: Balai Kajian Sejarah Dan Nilai Tradisional Ditjen Kebudayaan Dep. P dan K Yogyakarta

Hak Cipta Dilindungi Undang-Undang

Penerbit: Yayasan Centhini

Buku ini dicetak dengan sumbangan Perum Balai Pustaka.

--- 10 : iii ---

PATHOKAN NGLATINAKÊN SÊRAT CÊNTHINI

Pathokan nglatinakên (transliterasi) Sêrat Cênthini kados ing ngandhap punika:

1. Dhasaring pathokan 'Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan'. Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta 1977.

2. Pangalih-aksara muhung miturut aksara Jawinipun. Pramila wontên satunggal têmbung sêratanipun Latin warni-warni, kadosta:

sudigbya - sudibya;

masjid - mêsjid - masjit;

watak - watêk - watag.

3. Aksara Jawi kasêrat Latin:

caDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... c

daDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... d

dhaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... dh

jaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... j

yaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... y

nyaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... ny

thaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... th

4. Sandhangan swantên taling (eDitulis dengan huruf Jawa. ) dipunsêrat: /e/.

Swantên taling ingkang beda pamaosipun kalihan /e/, kasêrat kanthi tandha (diakritik) /è/, i.p. tumrap têmbung-têmbung ingkang kaanggêp pêrlu dipunsukani tandha, kadosta:

Èmpêr - èmpèr;

Lêmpêr - lèmpèr;

Gêgêr - gègèr.

5. Sandhangan swantên pêpêt (êDitulis dengan huruf Jawa. ) dipunsêrat /ê/.

6. Murih runtut saha gampil panglacakipun sabên pupuh dipunwêwahi angka urut: I, II (angka Romawi) sarta pada angka urut: 1, 2 lst.

--- 10 : iv ---

7. Angka urut kaca isining buku jilid 1 angka 1 dumugi tamating jilid 1, kaca 332. Ing jilid-jilid lajêngipun sabên jilid kawiwitan saking kaca 1.

8. Migunakakên têtêngêr:

( ): kangge ngapit perangan wêwahan, kadosta: (m)botên, (ng)gèr, (n)dadosakên.

(?): têtêngêr perangan ingkang mbotên cêtha utawi ingkang risak.

[ ]: ingkang wontên salêbêting têtêngêr punika, botên pêrlu kawaos.

9. Kalêpatan ing dalêm naskah, upaminipun: /gagal/ kaparingan tandha...*) ing wingkingipun, salajêngipun ing ngandhap wontên cathêtan (footnote): prayoginipun /gigal/ = dhawah.

--- 10 : v ---

ISINIPUN SÊRAT CÊNTHINI X

Sêrat Cênthini Jilid X isi 38 pupuh, wiwit pupuh 600 dumugi 637. ... kaca 1-256

Urut-urutan saha gancaring cariyos kados ing ngandhap punika:

I. Kidang Wiracapa ing Lêmbuasta ngurmati tamunipun Jayèngrêsmi, Jayèngraga tuwin Kulawirya kanthi nanggap bagor. Prawirancana ing Trênggalèkwulan dhatêng kalihan para rayi jalêr gangsal, semah dalah putranipun èstri Rara Widuri ingkang ayu endah. Jayèngraga dalah Rara Widuri sami lan kasmaranipun. Nalika Jayèngraga ambêksa Rara Widuri lumêbêt wani ing pandhapi nubruk Jayèngraga. Dados gègèr, tujunipun kasapih tening dhatêngipun Rêtna Ginubah.

1. Kidang Wiracapa sampun siyaga anggènipun badhe ngurmati tamunipun têtiga kanthi nanggap bagor, lampahan Panji Narawangsa. Tamu-tamu sampun sami dhatêng, kalêbêt Dêmang Prawirancana ing Trênggalèkwulan, kanthi sadhèrèkipun jalêr gangsal: Mancanaputra, Wiryabancana, Wirancana, Wiranjana tuwin Mangunjana. Semahipun nganthi putranipun èstri Rara Widuri ingkang ayu endah. Para tamu katêpangakên kalihan tamu têtiga ingkang kinurmatan. Panduking liring Jayèngraga kalihan Rara Widuri sanalika sami-sami kataman asmara. ... kaca 1-5

2. Kulawirya minangkani panêdhanipun Kidang Wiracapa ambêksa dados ratu ing Jênggala, Jayèngraga

--- 10 : vi ---

dados Panji Inu Kêrtapati. Kasaru dhatêngipun Rêtna Ginubah anakipun èstri Kidang Wiracapa ingkang wiwit alit tansah ngasrama ing wana.

Katêpangakên kalihan tamu têtiga, pitakèn wigatosing lampah anggènipun sami prihatos, kawangsulan sami ngupadosi linggaripun Sèh Amongraga. Rêtna Ginubah anggambarakên dêdêg-piadêgipun Sèh Amongraga dalah pandhèrèkipun santri kalih. Kadhêsêg samangke wontên ing pundi dunungipun Sèh Amongraga, wangsulanipun dèrèng kenging winêdhar jalaran sinêngkêr dening ratu ing Tunjungbang ... kaca 5-9

3. Rêtna Ginubah nata tumindaking bagoran. Ni Widuri kadhawuhan mborèhi Jayèngraga, ronggèng Ni Gèpèt amborèhana Kulawirya. Dhalang ringgit Ki Nayakênthi. Pangulu Asradênta lan Nuripin sami dados Bancak Dhoyok, sakalangkung lucu. Jayèngrêsmi sumingkir dhatêng ing masjid. ... kaca 9-17

4. Lare jalêr Wukir tuwin Laba, putu tuwin kapenakanipun Nayakênthi bêksa-èstri dados Panji Narawangsa (malihanipun Sêkartaji) tuwin dèwi Onêngan. Jayèngraga angêtog bêksanipun. Sapolah-tingkahipun sakalangkung ngrêsêpakên adamêl kedananipun para ningali jalêr tuwin èstri. ... kaca 17-24

5. Rara Widuri ingkang wontên ing dalêm wingking, manahipun sakalangkung gorèh nyumêrêpi tiyang kathah sami kapiluyu dhatêng Jayèngraga, karaosakên kados badhe ngrêbat Jayèngraga saking tanganipun, wêkasan nêmpuh byat lumajêng miyak para tamu laju dhatêng pandhapi nubruk Jayèngraga rinukêt botên sagêd kabênggang. Sanalika gègèr puyêngan. Para pamanipun Rara Widuri rumaos lingsêm nanging sami siyaga ing kewuh bilih wontên [won...]

--- 10 : vii ---

[...tên] dukanipun para kadang ing Lêmbuasta. Kulawirya ngaglah ngampingi Jayèngraga. Jayèngrêsmi ing masjid kagèt mirêng gègèr ing pandhapi. Kae Kidang Wiracapa dhawuh dhatêng para abdinipun, sampun ngantos sami pancakara. Para ningali gumuruh gègèr puyêngan, kasaru dhatêngipun Rêtna Ginubah numpak kuda kairing sagawonipun, wasana sagêd nyigêg kawontênan ingkang mutawatosi. ... kaca 24-26

II. Dhatêngipun Rêtna Ginubah sagêd damêl sigêg gègèr ing pandhapi. Sadaya lajêng sami lumêbêt ing dalêm wingking. Wosing rêmbag, Ni Widuri kajodhokakên kalihan Jayèngraga. Kaningkahakên anut limrahing ngakathah, sarta kapanggihakên manut tatacara. Sadaya wau katata jangkêp dening Rêtna Ginubah. Dhauping pangantèn kawiwaha wontên ing Lêmbuasta.

1. Dhatêngipun Rêtna Ginubah nyapih kawontênan ingkang mutawatosi. Saking pitêdahipun sang Rêtna, Rara Widuri kajodhokakên kalihan Jayèngraga. Sanalika Rêtna Ginubah nata paningkahipun têmantèn, panggihipun ngantos dumugi sajèn tuwin tata-cara lan kêndhuri botên wontên ingkang kalangkungan. Sadaya tiyang sami ngungun dene Rêtna Ginubah sagêd nata samudayanipun tanpa cèwèt, ngantos kadosdene sampun nate murba gadhah damêl mantu, ing mangka gêsangipun tansah wontên ing wana. Sasampunipun rampung paningkahipun têmantèn, Rêtna Ginubah wangsul dhatêng asramanipun, kacandhêt botên purun. Bêksan bagoran kalajêngakên, pinangantèn sakalihan kadhawuhan manjing pasareyan andumugèkakên karsa salulut, dumugi Subuh sawêg luwaran. ... kaca 27-36

--- 10 : viii ---

2. Bakda salat Subuh, Jayèngrêsmi rêraosan kalihan Kulawirya kadospundi dene ngupadosi kadang dèrèng kapanggih, tansah kagiwang ing pangampiran malah ngantos kalampahan Jayèngraga rabi. Jayèngraga katantun ambêkta mantuk Rara Widuri, ajrih kadukan dening ramanipun. Pêpuntoning rêmbag, semah katilar lan badhe nglajêngakên lampah. Jayèngraga anyagahi ing têmbe badhe amboyong semahipun. ... kaca 37-38

III. Pahargyan ngundhuh têmantèn.

1. Dêmang Prawirancana gadhah niyat ngundhuh têmantèn dhatêng Trênggalèkwulan. Jayèngrêsmi nyuwun, supados pahargyan wontên ing Lêmbuasta kemawon. Sêdaya sami rujuk. Ngundhuh têmantèn ing Lêmbuasta kanthi ngaturi pirsa priyayi ing Panaraga tuwin sanak sadhèrèkipun Prawirancana, mila sakêlangkung rowa. Sadaya ubarampening pahargyan kadhatêngakên saking Trênggalèkwulan. Bagoran kasambêt wayangan Krucil, dhalang Ki Mênthak. Kidang Wiracapa nêrangakên bedaning raosipun ringgit Krucil lan ringgit Purwa cundhukipun kalihan ngèlmu kakekat lan makripat.

Para tamu katêtêpakên papan panyipênganipun. Kidang Wiracapa nglajêngakên ambabar ngèlmu dhatêng Kulawirya ngantos dumugi bab carêmêdan kacundhukipun kalihan ngèlmu.

Kocap Rara Widuri sakêlangkung rakêt-rumakêt kalihan Jayèngraga ngantos mèh botên kenging pisah. Napsunipun salulut anglangkungi, bêtèkipun prawan sampun radi lungse. Makatên wau ngantos damêl kirang panujuipunpanujunipun. Jayèngraga. ... kaca 38-62

--- 10 : ix ---

2. Saking Trênggalèkwulan dhatêng watawis 200 pêpikul ambêkta mawarni-warni ubarampenipun tiyang ngundhuh têmantèn wujud: jêjanganan, wos, gêndhis, kêmiri, wowohan lan sanès-sanèsipun, dumugi pangangge sêmbêt tuwin êmas barleyan. Siyaganing damêl ing pawon umyung rame swantênipun tiyang olah-olah. Sêgahan dhêdhaharan dumugi inuman wuron pêpak botên badhe nguciwani. Sambèn kalênengan, Kulawirya tuwin Jayèngraga tumut nabuh sakalangkung wasisipun, dipun sindhèni ronggèng Ni Grèpèt, ingkang nggêndèr Ni Asêmsore langkung ing kasagêdanipun. ... kaca 62-74

3. Sêsambèning dhahar kêmbul, Kidang Wiracapa ambèbèrakên ngèlmu bab panêmbah tuwin sampurnaning panêmbah. Bakda Mahrib kawontênakên dhikiran Maulud kanthi singiran dening santri watawis satus, kalajêngakên kêndhuri kakêpung radin sami nêdha tuwin bêrkatan. Jayèngrêsmi maos rawi, Jayèngraga sêsingiran swantên arum, damêl kayungyunipun para èstri. Wasana kêpungan kêndhuri. ... kaca 74-82

IV. Ki Kulawirya katrajang sêsakit rajasinga sakalangkung (ng)grantês ngantos supêna angsal pitêdahipun Jamal Jamil bab sarananipun sagêd waras kanthi lampah ingkang botên limrah, ewadene inggih katindakakên, wêkasan sagêd mayar lan mantun saking sakêdhik.

1. Ing pondhokanipun Ki Kulawirya nimbali Ni Asêmsore lajêng salulut, sakalangkung marêmipun, ngantos marambah-rambah. Sarampunging sarêsmi wêkdal tuntasing kama, Ki Kulawirya ngraosakên [ngraos...]

--- 10 : x ---

[...akên] sakit, karaos sumêngkrang kumramyas dumugi ing walakang lan sakala abuh, wasana gêrêng-gêrêng gêgêtun. Ki Kulawirya kacandhak ing sakit rajasinga. Nuripin kadhawuhan damêl kêthokan dêling kapêndhêt lapis lêbêtipun ingkang tipis minangka lapising pajalêranipun ingkang ngilu. ... kaca 82-86

2. Ing pandhapi Kidang Wiracapa tuwin Prawirancana sakadang kadeyanipun sami jangkêp saupacaraning priyayi: tumbak, tamèng, panuwak, kêrbin lss. Kasusul dhatêngipun têtiyang ingkang sami nyumbang mawarni-warni: kêbo, sapi, mênjangan, menda, bèbèk, ayam lss. sakêlangkung kathah, dhaharan jêjodhangan. Para tamu sami mangangge kêtogan. Sadaya wau sakêlangkung anggumunakên Kulawirya lan Jayèngrêsmi. Miturut tatacara sêgahanipun mawi inuman arak waragang lss. ngantos kathah ingkang wuru. Kidang Wiracapa pitakèn têka Ki Kulawirya katingal sakit, wangsulanipun sakit wudunên, padatan mawi bêntèr tis, mila lajêng kaparêngakên mundur, kairingakên Nuripin. Kasusul Jayèngraga, wêlas ningali pamanipun. Nuripin kadhawuhan ngrambang pajalêranipun Kulawirya, lajêng pinarêman makjun, sagêd radi mêndha sakitipun. ... kaca 86-91

3. Wanci lingsir kilèn tamu saking Pranaragi dhatêng i.p.: Ngabèi Wijakangka, kasusul Ngabèi Wiranjaya lan ingkang saking Kalangbrèt, Rawa, sadaya kinurmatan ungêling bêdhil. Jayèngrêsmi lan Jayèngraga katêpangakên para tamu, ing batos para tamu sami ngalêmbana para putra ing Wanamarta wau. Para tamu sami nyumbang sarwi pangaos, wasana lajêng kaaturan ngaso ing pondhok ingkang sampun sumadhiya. ... kaca 91-99

--- 10 : xi ---

4. Kulawirya nimbali Nuripin, nyariyosakên supênanipun, dipun dhatêngi Jamal Jamil lan dipun aturi pitêdah jampining sakit rajasinga, i.p. kêdah sanggama kalihan prawan kêncur utawi wanita ingkang luwas rah. Botênipun kalihan kapal. Nadyan kamanah anèh, ewadene Nuripin mrayogèkakên kalihan kapal kemawon, mênawi kalihan prawan utawi wanita luwas-rah nênambahi dosa, jalaran mêsthi badhe katularan. Kulawirya pasrah dhatêng Nuripin kalampahipun sarananing usaha. Saking akalipun Nuripin sagêd kalaksanan kanthi cara ingkang botên limrah, wasana sakitipun Kulawirya sagêd kathah mayaripun, lajêng dhatêng pandhapi ngêmpal para tamu ing pahargyan. ... kaca 99-113

V. Pahargyan sakalangkung ngedab-edabi. Abên-abên sawung tuwin gêmak kasambêt tayuban.

1. Kidang Wiracapa nêpangakên Puspagati kaprênah wayahipun ingkang wuta-sastra, nanging kathah kasagêdanipun: bêksa, karawitan, ukir-ukiran, anam-anam lss. botên wontên padamêlan ingkang botên sagêd, mila pangawulanipun ing Pranaraga sakalangkung kinasihan dening Kangjêng Bupati. Ing sarambi mêsjid Kidang Wiracapa anggêlarakên pokokipun ngèlmu kakekat dumunung ing panrima kanthi katrangan miradipun, sarta conto-contoning agêsang têbih saking panarima lan suka nampi pawèwèh. Lajêng sami mandhap dhatêng pandhapi, tamu pêpak andhèr. Sêgahan mêdal ambanyu mili kalêbêt arak waragang. Siyangipun kawontênakên lêlangên abên sawung, abên gêmak. Sadaya mawi toh-tohan sakêlangkung ing ramenipun. Para botoh ngatingalakên kawêgiganipun murih sawungipun mênang. Totohan têtêmpilan andadosakên rame,

--- 10 : xii ---

wontên ingkang pasulayan. Kasaru dhatêngipun tiyang/mbarang Panglir, wontên tiyang sawidak lajêng katanggap sarta kadhawuhan wiwit, têtandhingan tiyang mawi sanjata. Kasêling dhahar kêmbul, Kidang Wiracapa rêraosan kalihan Kulawirya bab purwaning agêsang kadidene tiyang salat maos takdir murih wilujêng dumugi ing akhiripun. Sontên sami bibaran, sami marêm manahipun ingkang gadhah damêl. ... kaca 113-139

2. Dalunipun tayuban ngundang ronggèng pilihan. Ni Gêndra, Ni Têki lan Ni Madu. Jayèngraga mêdal saking dalêm agêng kairing ronggèng têtiga, panganggenipun sarwi mompyor èdi pèni. Ronggèng anggambyong gêntos-gêntos. Saking mupakatipun para sêpuh lan para tamu Jayèngraga ambukani bêksa, dipun larihi ronggèng têtiga, sinambuting kêplok mawurahan. Jayèngraga angêtog pangibingipun, binarung pangêliking ronggèng. Ronggèng têtiga ugi kêtogan panggambyongipun, wasana têtiga wau tèplêg tumamèng wêntisipun Jayèngraga sigra kinêmulan sondhèr. Kocapa Rara Widuri sumêrap kakungipun ginapyuking waranggana tiga, sanalika duka yayah sinipi, nyangking bata lumêbêt ing pandhapi amukuli waranggana. Gègèr apuyêngan. Para kadang Trênggalèkwulan nyandhak Rara Widuri, gronjalan sarwi nangis. Dêmang Prawirancana sangêt dukanipun. Kulawirya lan Jayèngraga sami ambêbolèhi para waranggana. Sasampunipun kaparingan arta para ronggèng sami mundur. Têtiyang ningali sami bibaran. ... kaca 139-153

3. Jayèngraga botên wangsul dhatêng dalêm agêng, tilêman ing paningrat dipun pêtêki Wukir tuwin Laba, wêkasan nandukakên sanggama sami priya. Ing pondhokan Kulawirya andon asmara kalihan ronggèng [rong...]

--- 10 : xiii ---

[...gèng] têtiga ngantos sami kêrinan. Enjingipun para tamu bidhalan. Kadang kadeyan Trênggalèkwulan nyumbang Jayèngraga mawarni-warni; kuda, pangangge, dhuwung lss. sadaya kalantarakên dhatêng Rara Widuri. Wasana tamu têtiga sami pamit nglajêngakên lampah mantuk dhatêng Wanamarta. Kidang Wiracapa paring piwulang ngèlmu wahyaning wahyu, anuting takdiripun Hyang Widdhi. Sadaya piwulangipun anut mupakating para ngulama saha Dalil Kadis. ... kaca 153-165

VI. Jayèngrêsmi, Jayèngraga lan Kulawirya ngayati lampah badhe mantuk dhatêng Wanamarta. Asradênta anêdahakên margi. Ing Lêmbuasta Rara Widuri kalajêng dados lan ewahipun, anjalari èmênging para sêpuh. Rêtna Ginubah dhatêng paring sarana lan usada saengga Rara Widuri waras. Prawirancana sakadang kadeyanipun lajêng sami boyong wangsul dhatêng Trênggalèkwulan.

1. Sabidhalipun Jayèngrêsmi, Jayèngraga tuwin Kulawirya, ing Lêmbuasta Rara Widuri saya angranuhi. Solah tingkahipun botên siwah kalihan tiyang ewah. Para sêpuh sakalangkung prihatos, sarat sarana saking dhukun-dhukun tansah cabar. Dumadakan Rêtna Ginubah dhatêng, lajêng asung sarana lan usada, warni-warni jêjantoning usaha. Rara Widuri katêgakakên ginarujug toya kaping-kaping. Sasampunipun makatên dipun takèni dening Rêtna Ginubah, wangsulanipun Rara Widuri, raosing manah, botên karaos satata palakrama kanthi mirunggan. Raosipun namung kados supêna. Sanalika waras Rara Widuri. Demang Prawirancana saanak semah lan kadang kadeyanipun lajêng sami boyong mantuk dhatêng Trênggalèkwulan. ... kaca 165-174

--- 10 : xiv ---

2. Kocap lampahipun para andon lêlana têtiga kadhèrèkakên santri Nuripin lan Asradênta. Dumugi ing margi tumuju Kalangbrèt, Asradênta pamit wangsul kanthi sêsalaman ndhèrèkakên basukining lampah. Lampahipun para andon lêlana tumuju dhatêng rêdi Rajêgwêsi ingkang inggil andêdêr. Ingkang sagêd minggah dumugi puncak namung Jayèngrêsmi lan Jayèngraga. Enjingipun sami mandhap kapanggih Kulawirya lan Nuripin sêsarêngan nglajêngakên lampahipun. ... kaca 174-181

3. Angsal pitêdah lampahipun tumuju Kalangbrèt, anglangkungi ardi Purwa dumugi dhusun Gubug. Nuripin kautus ngupadosi dalêmipun Sèh Ekawêrdi, mitranipun Ki Bayi Panurta. Para tamu katampi Ki Sèh Ekawêrdi dalah semah lan anakipun èstri, Rara Muryati. Liringing netya, Rara Muryati kapranan dhatêng Jayèngraga, makatên ugi Jayèngraga. Dalunipun SèkSèh. Ekawêrdi paring wêjangan, bilih ing ngagêsang pêrlu sumêrap keblat murih kamulyan ing dunya lan kamulyan ing swarga i.p. kanthi ngawula ing nata lan ngawula manahipun piyambak. Ngawula manahipun piyambak, jalaran awakipun prasasat jêjêring Gusti. Kalajêngakên wêjangan bab tatacara lan tata-susilaning ngawula ratu, gampil angèling angabdi sakêlangkung kathah, jangkêp botên wontên ingkang cèwèt. Dumugi Subuh sami solat, lajêng dhahar kêmbul. Jayèngrêsmi pamit badhe nglajêngakên lampah. ... kaca 181-199

4. Lampahipun para andon lêlana mêdal luguring rêdi nglangkungi sabin ingkang nêdhêngipun rame tiyang anggaru maluku. Ing wanci wisan-gawe dumugi ing dhusun Sarèn wêkdal pêkênan. Nuripin kadhawuhan têtumbas angsal ênjêt lan asêm-kawak sarwi kathah. Nêrusakên lampah dumugi ardi Wajak, [Wa...]

--- 10 : xv ---

[...jak,] ardi Bundhêl lan ardi Tèngèng, dhusun Wajak Watu-urip, nyabrang bênawi Rawa, ningali sêndhang Wajak Patimbulan, sadalu wontên ing ngriku, lumêbêt ing guwa Menak.

Bakda Subuh, Nuripin damêl dhêdhaharan saking ênjêt, asêm-kawak lan kêtan dados lêmêng kêtan ingkang murakabi sangêt. Lajêngipun lampah ngidul ngetan dumugi dhusun Bopong. Angsal pitêdah ngênêr ngalèr ngetan dumugi dhusun Wunut ing wana Wratsari anjog dhusun Sarêngat lajêng ngalèr nglangkungi rêdi Pêgat, rêdi alit-alit Bagêndhul ing wana Salêmbut. Kantun sadintên malih badhe dumugi ing Wirasaba, punika prasasat sampun dumugi ing Wanamarta. ... kaca 199-211

VII. Ing Wanamarta Kyai lan Nyai Bayi Panurta sungkawa dene kesahipun para putra tuwin adhi tanpa wontên pawartos. Nikèn Tambangraras siyaga ngawontênakên kêndhuri mêmule Kangjêng Nabi Rasul murih wilujêng sadayanipun. Wêkdal punika Jayèngrêsmi, Jayèngraga lan Kulawirya sami dhatêng. Kadangu, ngaturakên lêlampahanipun kabar tanpa angsal kabar bab dunungipun Sèh Amongraga.

Kyai Bayi Panurta lan Nyi Malarsih sakalangkung sungkawa jalaran kesahipun putra kêkalih tuwin adhi tanpa wontên pawartosipun, Bakda Luhur Kyai lan Nyai tindak dhatêng griyanipun Nikèn Tambangraras. Kawontênanipun sangêt mêmêlas, tansah mangangge sarwa pêthak botên nate gantos labêt saking sêdhihipun tinilar ing kakung. Wêkdal samantên sawêg siyaga kêndhuri mêmule Kangjêng Nabi Rasul murih wilujêng sêdyanipun. Bakda Isa Pangulu Basarodin dhatêng angiringi Jayèngrêsmi,

--- 10 : xvi ---

Jayèngraga ingkang nêmbe dhatêng, sami sarimbit, ugi kalihan Kulawirya kadhèrèkakên Nuripin. Sami kabagèkakên Kyai ingkang ngêmbêng waspa. Saparipurnaning kêndhuri Ki Bayi andangu para putra. Aturipun, ing lampah tansah têtakèn dhatêng para ngulama ing padhepokan pundi-pundi bab linggaripun Sèh Amongraga, nanging botên angsal titik ingkang kenging kaajêng-ajêng. Ki Bayi tuwin Nyai ngungun sangêt sangsaya sungkawa. Mirêng aturipun para rayi, Nikèn Tambangraras sangêt karanta-ranta manahipun. Ciptanipun punapa Sèh Jayèngraga botên karênan dhatêng awakipun. Wêkasan sadaya santri bibaran. ... kaca 211-218

VIII. Kocap Sèh Amongraga sampun wontên Ardi Kidul talatah Mataram. Jamal Jamil tansah ngebarakên ngèlmu sikiripun saengga tiyang jalêr èstri tilar padamêlan lan suba-sita. Pawartos makatên katur Sinuhun Sultan Agung, lajêng utusan Tumênggung Wiraguna bêkta prajurit kinèn ngrampungi Sèh Amongraga. Kalampahan Sèh Amongraga kapidana, kabronjong kacêmplungakên sagantên kidul. Jamal Jamil lumajêng dhatêng Wanamarta.

1. Sèh Amongraga sampun sawatawis dumunung ing dhusun Sêmanu Ardi Kidul talatah Mataram. Sang Luhung tansah mêmpên manêkung ing krobongan salêbêting masjid. Jamal Jamil ngirup tiyang maèwu-èwu kanthi pangeram-eramipun ngèlmu sikir. Wêkasan kapirêng dening abdidalêm katur ing panjênênganipun nata. Kangjêng Sultan Agung animbali Tumênggung Wiraguna lan Tumênggung Wirajamba kadhawuhan ngrampungi wontênipun Sèh Amongraga, kaparêng nganthi prajurit sacêkapipun. [sacêkap...]

--- 10 : xvii ---

[...ipun.] Sèh Amongraga ngadhêp mabukuh ing ngarsanipun sang Tumênggung, botên suwala kapidana ing ratu. Sariranipun lajêng kabronjong, kabuncang ing alun, wêkasan wangsul ing dharatan tanpa isi. Ing ngantariksa kapyarsa uluk salam sarta suwantên: "Dhuh Kyai Wiraguna, aturna bêkti kawula dhatêng Kangjêng Sultan Agung. Sampun kalêksanan karsanipun, kawula uwal saking ing dunya'. ... kaca 218-225

2. Jamal Jamil nyumêrêpi sadaya lêlampahan wau jalaran sami ngumpêt pêrlu badhe nyumêrêpi babaring lêlampahan. Sasampunipun cêtha kadi kasbut ing nginggil, lajêng sami lumajar tumuju Wanamarta. Sadhatêngipun Jamal Jamil Kyai Bayi Panurta lajêng nimbali para putra putrinipun. Sadaya sami mirêngakên cariyosipun Jamal Jamil wiwitan dumugi wêkasan. Sanalika Nikèn Tambangraras kantu dados bayangan. Jamal Jamil botên purun kacandhêt, wangsul dhatêng tanah asalipun ing Karang tanah Bantên. ... kaca 225-228

3. Ing Kraton Mataram Tumênggung Wiraguna ngaturakên sarèhing dinuta. Sèh Amongraga sampun kasampurnakakên. Kraton Mataram tata-titi-têntrêm. ... kaca 228-230

--- 10 : [0] ---

...

--- 10 : 1 ---

SÊRAT CÊNTHINI X

600. Maskumambang

1. Mèsêm angling sira Nikèn Widaryati | marang Wirabajra | wong pira bagor kang prapti | matur inggih salawe prah ||

2. Gya anuduh marang ing rewangirèki | angambil busana | wastradi kang kêling-kêling | miwah sêkar konyohira ||

3. Oncèn-oncèn krang mêlok gambir mêlathi | pan gangsal panampan | sinungkên marang kang rayi | wus tinampan sadayanya ||

4. Wus ginawa sinungkên mring Nayakênthi | panampan tinampan | cinacahakên kèhnèki | wus sangkêp saramudira ||

5. Yata wau kang bakda salat nèng mêsjid | mudhun saking langgar | mangsuk ing wismanirèki | lênggah anèng pajrambahan ||

6. Sinaosan wedang dhadharanirèki | nèng piring lancaran | andhèr nèng ngarsa mawarni | wowohan lan lah-olahan ||

7. Kae Kidang Wiracapa ngancarani | mring putra rinira | won kèndêl sami binukti | pasunggatane bibinta ||

8. Kang liningan sami anuwun turnèki | nulya samya ngalap | sasênêngira nyanyamik | Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

9. Katri lawan Ki Ragil Kulawiryèki | samya linging nala | tan mamak kabuwan iki | ala nganggure kewala ||

10. Kongsi kaya mangkene rakêting kardi | lir wong mantu rowa | ukur dadakan kadyèki | mendah yèn aduwe karya ||

11. Baya patang mene oleh ngêluwihi | pasamuwanira | barkate ambêg priyayi | sakarsanira tan cuwa ||

12. Kang mangkara linging driya ngawirya tri | yata ingkang prapta | sa-anak rabinirèki | Ngabèi ing Galèk-wulan ||

13. Wasta Kae Mas Dêmang Wirancanèki | lan sakadangira | ingiring wong magêrsari | saupacaraning dêmang ||

--- 10 : 2 ---

14. Pra niyaga wus prantimranti. yèn tamu prapti | muni laladrangan | anguyu-uyu ngrarangin | agupuh Ki Wirabajra ||

15. Tur uninga mring raka Kyai Ngabèi | yèn kang putra prapta | Mas Dêmang enggal ngGalèk-sasi |Lebih satu suku kata: Mas Dêmang nggal ngGalèk-sasi. ngling Ke Kidang Wiracapa ||

16. Aturana laju kewala mariki | lan rowange sapa | umatur Wirabajrèki | inggih kadange sadaya ||

17. Gangsal pisan putra sampeyan kang prapti | Mas Mancanapura | Singabancana lan malih | Wirancana Wiranjana ||

18. Mangunjana kanêm putranta Ngabèi | lah ta Wirabajra | anakmu bae si-bèi | aturana malbèng wisma ||

19. Tur sandika Wirabajra angaturi | mring Kae Mas Dêmang | ingkang ingacaran linggih | ngling Ke Kidang Wiracapa ||

20. Lah ing ngriki cêlakan sami alinggih | Mas Prawirancana | agêpah dènnya wor linggih | kanthi garwa putranira ||

601. Kinanthi

1. Èstri maksih kênya ayu | sutane Wirancanèki | sajuga dinama-dama | namane Rara Widuri | ajênar suluh wadana | sêdhêng mêpêking birai ||

2. AsêhdêngAsêdhêng. pawakanipun | asengêh pêngajêngnèki | netrane balerah muncar | angganthêng maèmba lungit | amêmak sêsinomira | micis rimbag angrênuki ||

3. Wang winangwang nangkal putung | thi-athi angudhup-turi | lathine manggis-karêngat | larapan nyèla cêndhani | gêrana rungih araras | idêp tumênggèngtumêngèng. wiyati ||

4. Pilingan napaking palu | linamat ing otot wilis | jangga nglung gawunggadhung. alaras | siduwa gandhewa gadhing | busananira sarwèndah | barkat sutaning priyayi ||

5. Ingugung sakayun-kayun | sira Ni Rara Widuri | asinjang cangkring kapanjyan | kêmbên solok turun-tangis | kulambi sêmbagi seta | corak marutu sakêthi ||

--- 10 : 3 ---

6. Kancinge sanga sisih rus | kalpika intên mirah brit | sampir kumbaya kusta bang | agêlung sèntêg sundari | titih cêpaka lan ronnya | anunggal linggih samyèstri ||

7. Alon dènnira amuwus | Ke Kidang Wiracapèki | mring Kae Mas Wirancana | puniki têtamu-mami | sutane Mas Arundaya | Kae Bayi Panurtèki ||

8. Ngulama ginuru-guru | pradikan Wirasabèki | ing karajan Wanamarta | keh ngulama ngalap ngèlmi | maring Ki Bayi Panurta | nadyan bupati pasisir ||

9. Anêcêp sami (ng)guguru | mring Ki Bayi Panurtèki | niki putrane kalihnya | wasta Kae Jayèngrêsmi | kang taruna Jayèngraga | dene Ki Kulawiryèki ||

10. Punika wuragilipun | samya lalana nis kampir | mariki dadya ngong nadar | sawawrat dhêsêl desèki | prayoga samya rahaban | Ki Wirancana turnya ris ||

11. Kawula turi awanuh | -akên sarèhning kêpanggih | lamun sudi ananampar | mring anistha dama miskin | kang sinambrama nor-raga | mangsuli wacana manis ||

12. Tan sagêd mangsuli atur | rèhning bangsa dama santri | asintru tan wrin ing krama | andhèdhèpèandhêdhepe. ing asinggih | kang agung maklum andika | pangaksamanirèng kami ||

13. Wirancana lingira rum | kang botên-botên ingangling | sangêt kumêdah kawula | sampurna tekading kapti | kang mugi dadya jalaran | lulusa wit apapanggih ||

14. Samya sêsambèn anginum | wedang dhadharanirèki | jalwèstri anyanyamikan | Jèngraga tansah nglud liring | sadhengah sabên dhinahar | nyarêngi Rara Widuri ||

15. Yèn nginum milya anginum | sabarang (m)barêngi ngambil | sarwi liringe iriban | pagut manising pangèksi | Jayèngraga kaguguran | ring kênya Rara Widuri ||

16. Pyuh kalihe ing pandulu | Ni Rara rongèh alinggih | kalêsêdan krêp aliyan | kêbut saptangan ngring-aring | gêrahuyang angganira | kabajong ujungan liring ||

--- 10 : 4 ---

17. Adangu mangun pandulu | yata tatamu kèh prapti | pra umbul bubundhêl desa | bêkêl pandhisil patinggi | gaco gêbrag okrak-okrak | parapat manca-limèki ||

18. Saluwak taboning dhusun | ing Trênggalèk têpis wiring | dalah kang tan sinuruhan | akathah kang sami prapti | nênonton mring Lêmbuasta | dènnya kasukaning ratri ||

19. Pra tamu kapang alungguh | jèjèr pinggiring pandhapi | dhapur sapanganggenira | rupa-rupa kèh warnèki | jadhug-jadhuging wong desa | analangguk andik-andik ||

20. Tan dhèmês kidhung amringkung | sajake cara priyayi | samakta gagamanira | akêtêp pênuh ing wuri | para ri ing Lêmbuasta | ingkang manggihi pra tani ||

21. Kang lungguh atêpung dhêngkul | longkang piranti (ng)gènnèki | kang raka Kae Mas Kidang | Wiracapa lan têtami | ing mangkya maksih nèng wisma | dèrèng lênggah ing pandhapi ||

22. Kang lagya samyèca lungguh | Ke Kidang Wiracapèki | lan Kae Mas Wirancana | Jayèngrêsmi Jayèngragi | myang Ki Ragil Kulawirya | Sradênta Ripin nèng wuri ||

23. Mèsêm dènnira andulu | Ke Kidang Wiracapèki | pra tamu kang nèng pandhapa | wong ambagor wus miranti | busana awida sêkar | kang andhalang Nayakênthi ||

24. Wus atap sadayanipun | nging durung lêkas angrawit | anganti dhawuhing karsa | Ke Kidang Wiracapa ngling | Sasmitane widadatan | lah inggih ta lah dhi Ragil ||

25. Sami-sami wong atapuk | tan kadi tapuk pasisir | pra prigêlaning babêksan | tan kadi dhalang pasisir | ing Sidayu Surapringga | paguroning wong angrawit ||

26. Pantês-pantêse wong bagus | anakmas Ki Jayèngragi | dhi Ragil sun-pêthèk wignya | mor ambagor ukêl rangin | Ki Wirya gumuyu latah | alêpat kakang Ngabèi ||

27. Kawula pinêthèk gambuh | yêkti tan sagêd angrangin | kajawi putranta nakmas | ingkang asarwa rêspati | Jèngraga gumujêng suka | salah-gawe paman niki ||

--- 10 : 5 ---

28. Kula wong langkung mogèl-kul | botên nate nika-niki | sadaya gumuyu suka | sira si Rara Widuri | tansah paguting paningal | ajuwêd marang Jèngragi ||

29. Sinêmbadan liringipun | candhak kacundhuk ing manik | lir wêsi bang pinalu kras | sumyur muncrating pangèksi | sang anom gambirèng driya | ningêt tingalira mamrih ||

602. Sinom

1. Kae Kidang Wiracapa | ing karsa wus andungkapi | alon wijiling wacana | dhi Ragil Kulawiryèki | ywa taha-tahèng galih | kewala pasajanipun | manira yun uninga | pangigêle dhi Wuragil | yèn pinarêng lan anakmas Yajèngraga ||Jayèngraga.

2. Supayane tiniruwa | rangine marang wong riki | paedah marang wiraga | wong abagor juru-rangin | bisa ukêl pasisir | wignya wèh wignya kang busuk | Ki Ragil myang anakmas | myarsa linge Ki Ngabèi | maksiyate tan tilar ngulamanira ||

3. Rampung rampinge ngagama | ngulama bangsa priyayi | tan ewuh muradi basa | anglêjarkên ing akingkin | Jèngrêsmi mèsêm mèksi | mring Jèngraga linging kalbu | ya ta lah Jayèngraga | lir bêndung wus mêmbik-mêmbik | binobol brol jêbol lajêre gumantar ||

4. Tyase banjir anggaladhag | mrih angalap rara kèntir | datan kêna sinayutan | gumêrjêg kudu angibing | Jèngraga Ki Wuragil | samya sasmita ing guyu | Kulawirya ris mojar | prayogi kumambang tuding | ywa riringa ing walang-ati ilangna ||

5. Kaparentah kang aomah | dhasar winantah tan kêlir | kapindho pangrêngkuhira | tan kuciwa nglêgawani | winêngku suta sami | memalês ing sih tinurut | Jèngraga lon wacana | matur-ing paman Ngabèi | inggih mangke kawula anglènggèr wayang ||

6. Kang paman Kae Mas Kidang | Wiracapa sukèng galih |

--- 10 : 6 ---

sinandikan karsanira | ngling mring putra Ki Ngabèi | Wirancana aniling | punika rinta nak-bagus | winahyu ing kabisan | sakalir sarwa winasis | trange ngèlmu wruhing lair batinira ||

7. Punika rinta ing benjang | kadi-kadi angungkuli | anung angungkuli bapa | Kae Bayi Panurtèki | Wirancana Ngabèi | nor lungguh sarwa umatur | inggih kados kadyèka | pasang sêmu nora wingit | tyas ngulama wangun rimbaging nagara ||

8. Angusuma sêmunira | kawula karênan mèksi | wawrat samya ka-anyaran | lir wus pundhuh nguni-uni | Kidang Wiracapa ngling | mring Widaryati anuduh | kinèn ngambil busana | kampuh prantining aringgit | kang liningan sigra angambil busana ||

9. Tan adangu praptèng ngarsa | anèng panampan sumaji | sarwa kêling sadayanya | sarta sêkar burat-wangi | angling Kae Ngabèi | sumangga anakmas-bagus | ngong ngaturi busana | lan pamanta adhi Ragil | kang liningan amatur datan lênggana ||

10. Eca imbalan wacana | kasaru wau kang prapti | Ni Rara Rêtna Ginubah | sing pangumbaran wanadri | kagèt kang nèng pandhapi | anarka ni rara rawuh | praptanèpraptanèng. palataran | maksih manggung nèng turanggi | prajuritan nyangking panguthik cancingan ||

11. Towok sinalondhok kanan | srênggalanira sasiki | kêpuh ing ngarsa winotan | sirahing sangsam kakalih | kang wuri sirah jawi | samya ranggah singatipun | praptèng tarub sih nunggang | jaran gya kang paman katri | gupuh nyandhak marang ing turangganira ||

12. Agêpah kang anèng wisma | rama ibu amêrpêki | ngawirya tri maksih lênggah | nolèh kewala umèksi | Rêtna Ginubah aglis | mêdhun sing turangganipun | sarwi angling ring paman | iku tampanana aglis | ala nganggur sapele ngong olèh jangan ||

13. Nulya kang ngiring ambêkta | gêmbunging sangsam lan jawi | anèng wurine Ni Rara | agupuh kang paman katri | samya nampèni daging | Ni Rara sal-angsalipun | Wirabajra anyandhak | turangga pinire aglis | Wirancana Wirangkara ngrumat ulam ||

--- 10 : 7 ---

14. Sawusira rinumatan | kang (ng)gawa mulih tan pamit | sayêktine kang anggawa | samya gadhungan wanadri | sawuse samya mulih | Rara Ginubah amuwus | lah mara sun-tatanya | mring sira iki ing wingi | ana apa dene amamajang wulan ||

15. Ibune alon saurnya | ya Rara wruhanirèki | ramanira kadhayohan | ngawirya katêlu saking | krajan Wanamartèki | jare putrane Ki Guru | Kae Bayi Panurta | ramanira langkung asih | mring dhadhayoh kang mêntas andon lalana ||

16. Ngling Rara Rêtna Ginubah | kang êndi dhayohmu sami | kang rama aris saurnya | iyèku kang lungguh katri | payo padha-a linggih | sun-tuturi wruhanamu | nulya manjing ing wisma | atata dènnira linggih | angandika Kae Kidang Wiracapa ||

17. Iku karo kakangira | kang siji pamanirèki | wuragile uwakira | Kae Bayi Panurtèki | kakangira Jèngrêsmi | Jayèngraga arinipun | putrane uwakira | kakang Rundaya ing nguni | apan dadi sadulurku mulaningwang ||

18. Tunggal guru panêcêpan | sabaya saeka-kapti | tan ana rasa rumangsa | donya ngakerat anunggil | praptèng siwi sisiwi | wong tuwa awu-ingawu | lah iya sira rara | bagyakna kakangirèki | kawlas-ayun mêntas saking andon lampah ||

19. Lampah pokoning sudarma | kon lêlana angulati | Sadulur Sèh Mongraga |Kurang satu suku kata: Sadulur Sèh Amongraga. jodhone bakyunirèki | Tambangraras makingkin | marma rakanta anglangut | angruruh kadang tuwa | saparan tan (n)tuk pawarti | mèsêm angling sang Rara Rêtna Ginubah ||

20. Lah kakangmas karo pisan | bageya padha basuki | kowe bageya mas Wirya | têkane kang padha mampir | anèng Lêmbuastèki | kaslamêtan ing lakumu | Ke Kidang Wiracapa | nambungi wacana aris | lah puniku rinta Ni Rara Ginubah ||

21. Dêksura tan bisa basa | sabên wong tan dèn-basani | rêmên yèn ngoko kewala | dèn-koko tan walang-ati | pan wus karêmanèki | kasami tan kramèng wuwus | maklumipun anakmas | sampun tina-a ing galih | saking wana rinta Ni Rara Ginugah ||Ginubah.

22. Jayèngrêsmi Jayèngraga | katri Ki Kulawiryèki | samya gumuyu

--- 10 : 8 ---

nor-raga | mangsuli wacana aris | mring kang nambramèng aris | ya yayi palakramamu | kang tumêka manira | wus bangêt tarima-mami | kapêtêking jaja lumèbèr papangkyan ||

23. Kacadhang anèng ing asta | kacancang kulunging ati | wangsul palakramaningwang | karaharjanira yayi | Ni Rara angling aris | lah iya kakang rahayu | pra ngawirya katrinya | samya angungun ningali | marang sira Ni Rara Rêtna Ginubah ||

24. Tan lumrah marang wong kathah | sasolah tingkahing èstri | sikêpe lir wong wawanan | prajuritan siyang ratri | lancingan panji-panji | klambi singsêt kuthung wulung | sinukup sinap-tangan | panguthêk cinèngklèk kering | towokira tinumpang gigir srênggala ||

25. Ki Wuragil Kulawirya | mèsêm wuwusira aris | ya ta lah yayimas Rêtna | karêm (m)babêdhag wanadri | tan rêna nèng wismèki | kuwu jênêk nèng wana gung | sapa kang asung tadhah | mring sira ing siyang ratri | dene nora duwe bagondhal sajuga ||

26. Wong lanang tan mangkonoa | kang padha karêm ninitik | sagrêma-grêma naneya | mangsa kongsiya kadyèki | panganggomu nganèhi | salukup akudhung kacu | lir wong usuk-usuk ika |Lebih satu suku kata: lir wong suk-usuk ika. sun tan nyana yèn sirèstri | sadakira sarigak kaya wong lanang ||

27. Mèsêm sang Rara Ginubah | nauri wacana manis | hèh kalingane ya Mas Wirya |Lebih satu suku kata: hèh kalingane Mas Wirya. agawok marang ing kami | wruhanamu ngong iki | wus luwih muktyèng wana gung | salasih sining wana | dagingan kang dadya bukti | nadyan nyandhang kadhang walulanging kewan ||

28. Sajêg manira tumitah | tan wruh rasane woh dami | kinukus mung lah-olahan | mung pala kang matêng ing wit | iku kang ingong-bukti | tan yun kang sarwa kinukus | pan namung dadagingan | iku kêlawan ginêni | tarkadhangan sataun mangan sapisan ||

29. Baya wus bagining titah | Mas Wirya kang kaya mami | lan malih manira tanya | mring sira ingkang sayêkti | ingkang dadya rudatin | rèhira padha ngêlangut | Jèngrêsmi lon lingira | iya kawruhana yayi | anglalayaangalaya. saparan ngulati kadang ||

--- 10 : 9 ---

30. Ipe aran Sèh Mongraga | mêntar nis kalaning ratri | ngong ruruh angayam-alas | ing sakèhing guwa ardi | tan antuk lacak warti | ing patanyan kadung-kadung | andungkap ing kayantyan | kongsi pangguh sira yayi | mèsêm angling sira Ni Rara Ginubah ||

31. Patute kang sira paya | dêdêge (n)dêdêling aking | panganggone sarwa seta | panakawane kêkalih | panganggo sarwa langking | rada tèngèng gulunipun | bathuk sawijinira | gumuyu ngawirya katri | Jayèngrêsmi alon dènnira ngandika ||

32. Dene yêkti pojarira | paran wus wruh sira yayi | Ki Wuragil Kulawirya | nambungi wacana manis | nanging gèsèh sakêdhik | nganggo tèngèng gulunipun | angling Rêtna Ginubah | êmbuh yèn ancaran ciri | iya lagi ngong-duga-duga kewala ||

33. Jèngraga mèsêm ngandika | aja katanggungan yayi | jênêke Sèh Amongraga | saiki anèng ing ngêndi | tuduhêna saiki | paedah sira tutulung | marang wong kawlasarsa | Rêtna Ginubah ngling aris | durung kêna winêdhar (ng)gonne Mongraga ||

34. Sinêngkêr ratu Tunjungbang | jinurung sakarsanèki | jinurung sasêdyanira | anggigirang anèng Giri | gagaring anèng Giri | pasangarane ngalimut | maladkung ing maladan | manganti sêlor sor pati | pandungkape pangèksi nèng Ngèksiganda ||

35. Kadya pamupusing jala | ampyaking tampang ngingkudi | ing kuping mataning jala | si tampang tan kêna kari | karikil amandhisil | minane bubar larut byur | siji tan kêna jala | lir wong ambêdhol carang pring | saka pucuk karangkut kèh kang karangkat ||

36. Iku lire Sèh Mongraga | graitanên ujar-mami | iku Mas Wirya lan kakang | Jayèngrêsmi Jayèngragi | tan kêna kok-ganali | kudu linêmbut kinêmput | ngalamate ngalêmbut | arêmpit lungit awingit | pra ngawirya katri tan bisa wacana ||

37. Akêthul graitanira | pêgat tan ana maguti | adhêlêg Ki Kulawirya | tyasira tan andungkapi | mêne sakala dèning | pamuwusira sang Ayu | Nuripin ararasan | lan Asradênta aririh | lan (ng)gih ta lah wakane Asra-asmara ||

38. Bandara kula kasoran | tyase jêblog anjêbimblik | niku Ni Rara Ginubah | yèn mojar mring Ki Wuragil | basane anyêngkiwing |

--- 10 : 10 ---

sakêna-kênane wuwus | Asradênta anjola | sok ngêlih jênêng arani | Asradènta ingelih Asra-asmara ||

39. (m)Boten ilok sasêmbrangansasêmbranan. | Nuripin (ng)galigik ririh | ngangkah punapa kang Asra | tan ala lah inggih bêcik | kang ginuyon ngegosi | malêruk tan pati rêmbug | Ki Wuragil miyarsa | dènnya guguyon Nuripin | guyunira maro sinamun wacana ||

40. Kapriye kono anakmas | abuntu têmên tyas-mami | linge lingira sang Rêtna | Rara Ginubah awadi | dene pating talênik | tan ngêrti sakuku-wulu | Jèngrêsmi Jayèngraga | mèsêm anauri aris | kula inggih dèrèng atampi ing driya ||

41. Paliringaning putranta | Ni Rara Rêtna Rinujit | kadya wuwusing supêna | cat-cutan tampining kapti | mèsêm sang Rara angling | ya wus yèn durung sumurup | larangan yèn binuka | budinên bae ing ati | angling malih Ni Rara Rêtna Ginubah ||

42. Lah ibu ing karsa sira | nganggo tatanggapan ringgit | wong abagor durung lêkas | samana kawêngèn thithik | bok wis kinèn awiwit | paran lalakon jinaluk | nyukup mataning bocah | wong kang kudu niningali | kang rama ngling ya bênêr tumuli lêkas ||

43. Ngling malih sira Ni Rara | marang ramanira aris | lah iki wastra rong nampan | sapa kang dèn-busanani | kang rama anauri | saosane kakangamu | Kae Mas Jayèngraga | lan pamanmu dhi Wuragil | sun-papêksa ambagor manawa bisa ||

44. Mèsêm sang Rara ngandika | lah ya sokur luwih bêcik | arahab suka pasaja | tan riringa nora rêgi | Rara ngling mring Jèngragi | apa wêtone dhêmênmu | Jayèngraga lingira | ya yayi rèhning tinuding | kinèn nglènggèr wêton Kalana yèn bisa ||

45. Sadhela sarat sandika | lan paman padha angrangin | angling lah ya busana-a | kang prayoga lan Mas Ragil | nulya amire ngering | Jèngraga Kulawiryèku | sawusira busana | wangsul dènnira alinggih | Ni Rêtna ngling sapa kang (m)borèhi sira ||

46. Nauri borèh priyangga | ah mêngko ngong anunuding | kang (m)borèhi marang sira | [...] |Kurang satu baris: 8i. si Widuri sirèki | borèhana kakangamu | Jayèngraga dèn-agya | ingkang liningan awigih | sêmu isin pinêksa marang Ni Rara ||

--- 10 : 11 ---

47. Sarya ngling kang Wirancana | anakmu sun-kon-(m)borèhi | aywa sumêlang tyasira | Ki Wirancana Ngabèi | ngling sakarsanta yayi | manira tan wancak-kalbu | Ni Widuri agêpah | amajêng kinèn (m)burati | mring Jèngraga pagut manising paningal ||

603. DhandhanggulaTeks asli: Sarkara.

1. Atandhingan limputing pangèksi | kadya gêdhah-kantha panginuman | singsal sing ngasta sanane | tiba sela rêngkulu | kumêpyuring tyas angranuhi | lir pendah ru rinurah | runah durung wanuh | manahira haruhara | ka-awêran ing kakung rang mawa kingkin | ngênani ing wardaya ||

2. Dadya gragapan panggarapnèki | asta darijinira Jèngraga | sinangga èpèk-èpèke | sang Rara amburat rum | panuduh sring kapênêd jênthik | juwêt sasmitèng prana | Ni Rara kumêpyur | kêtêk rêbut-dhucung muntab | angaringêt kumrangsang panas srumiwing | mêtu ngirung kumrangsang ||

3. Wus dènnira ambuburat wangi | Ni Widuri wangsul unggyannira | iriban sangkrip batine | nanging wus muntup-muntup | kari brênge cênthoting ati | ngrukêti Jayèngraga | tatokoning kalbu | kadya tan kêna ingampah | lir (ng)garbini mèh lair kang jabang bayi | kantun ngêntèni sangat ||

4. Ni Rêtna Ginubah angling malih | sapa kang amborèhi Mas Wirya | e bênêr ronggèng si Grèpèt | age mreneya thuyul | borèhana Mas Wirya aglis | gupuh kang sinung ujar | Ni Rara gya mundhut | camara marang dhadhalang | Nayakênthi ngong mundhut têkês kakalih | katur sinungkên sigra ||

5. Nulya ingangge mring Jayèngragi | lawan kang paman Ki Kulawirya | pinasang krang-mêlok oncèn | miwah gagombyok dhuwung | wus mangkana kang busanadi | angling Rara Ginubah | marang pamanipun | wus mara mêtua (n)jaba | mring pandhapa sing nopèng konên awiwit | lakone Narawangsa ||

6. Lan manira iki ayun mulih | mring asramaningsun ing wanarga |

--- 10 : 12 ---

ngong wus padha apapanggoh | kang rama ris amuwus | Rara sira nora anganti | jêjêre wong topèngan | Ni Rara lingnya rum | nora kêna tinamtua | kadhang mêngko yèn dhangan ngong bali malih | pra ngawirya samyojar ||

7. Ing bêcike yayi aja mulih | durung tutug (ng)goningsun papanggya | ring sira tumulya mulèh | sesuk bae riningsun | mulih mring ngasramanirèki | mangsa sabên dina-a | mupung apapangguh | Ni Rara Rêtna Ginubah | muwus aris ya kakang mêngko ngong bali | ingsun mulih sadhela ||

8. Angling malih mring pamanirèki | hèh man Wirabajra jaraningwang | dèn-age ajokna kene | Wirabajra agupuh | anyêdhakkên turangganèki | Ni Rara nyèngklak kuda | nèng ngarêping pintu | towok pinapan nèng kanan | (n)dan umangkat srênggalanira tan kari | lulang sasak dalir bang ||

9. Kewala laju têngah pandhapi | mire kang jagong gawok umiyat | mring Ni Rêtna pang-Gubahe | tan taha ing pangangkuh | ing akathah ginalih usring | wus kadhanyang kasmara | bumi ing wana gung | gya Ke Kidang Wiracapa | ngancarani mring putra ri samya mijil | lênggaha nèng pandhapa ||

10. Wus tata dènnira alinggih |Kurang satu suku kata: Wus satata dènnira alinggih. kae Rangga Kidang Wiracapa | binagyan kabèh dhayohe | lah bageya sadarum | anak putu kang padha linggih | umatur sadayanya | samya saur-manuk | barêngan gêdêr gumêrah | matur nuwun inggih-inggih ingkaringgih | mangsuli kalujêngan ||

11. Kae Kidang Wiracapa nuding | kinèn ngêdalakên kang sugata | Ki Wirabajra nulya ge | nuduh sinomanipun | wus miranti angladèni |Kurang satu suku kata: wus miranti anglaladèni. suguh wedang panganan | rata sadaya wus | miwah dhaharan nèng ngarsa | linadènan parèstri saking ing wingking | sêlire Kae Rangga ||

12. Kae Wiracapa ngancarani | sadaya sami kinèn wantingan | nulya samya gupuh kabèh | ngalap nyamikanipun | wedang pangan samya kinêmil | Ke Kidang Wiracapa | lon dènnira muwus | wis Nayakênthi lêkasa | lalakone Narawangsa bae bêcik | jêjêr ratu Jênggala ||

--- 10 : 13 ---

13. Dhalang bagor sandika turnèki | nulya niyaga tukang krawitan | sêsêg ricik pangricike | umyung pangrangin arum | pra wong bagor samya miranti | rolas ingkang samêkta | samya ngrasuk tapuk | dadya kang putra kang seba | angalènggèr ing kalèngkrak samya ngrangin | minangka kang kadeyan ||

14. Saubêngan dènnira amiwir | anglayang trapsila ngapurancang | akapang pasewakane | sakèh wong kang andulu | èyêg uyêl rêbat (ng)gènnèki | linggih jegang ajêgan | jêjêl sêsêg sukup | gumêdêr rare cêngèkan | ting jalêrit rarya lit nangis kapipit | dene wèng tumpak langak ||

15. Kang parèstri kumpul samya èstri | anèng kampung paningrat niningal | kang nèng wisma panontone | para (m)bokmas nèng pintu | lan (m)bakajêng lan nyai-nyai | atap nèng jrambah (ng)gènnya | anênonton tapuk | mangkana kang bêbagoran | dhalang Nayakênthi ngêrêpakên gêndhing | sru kothak cinampala ||

16. Dènirarsa tanjak-turing ringgit | sru sabawa rêp data pitana | anênggih wau ta mangke | kocapa kang cinatur | wau sira rêkyana-patih Jênggala kang pinurwa |Mulai nomor 4 merupakan baris ke-6: Jênggala kang pinurwa. dasa namanipun | Ki Patih Kudanawarsa | wicaksana bangkit tan ana madhani | tadhah karsaning nata ||

17. Dêdêg pidêksa pamulu manis | lêpasing tyas waskitha wasistha | amawas wadyanirojèng | gabug aosing kalbu | kawistara marang ki patih | tyasing wadya sapraja | winêngku kawêngku | kaombèraning tyasira | gêng alit wus kadum jinuming pakarti | saking kêrtartanira ||

18. Pamudya mrih arjaning nagari | ambêg santa budi martotama | andhap tan asor kulane | luhure tan kalungsur | pringganirèng wiyat kaèksi | mudhari ing amudha | anjêjêli wuruk | nuwuki karya pirêna | rumêksèng-rat kobètingrat tan pinilih | anglar jajahan rowang ||

19. Ngingkut jajahaning mungsuh kèksi | kèh nungkul tanpa pinungkuling prang | sumawita ing ratune | tur bulu-bêktinipun | saking kaprawiraning patih | among para atmaja | -nira sang

--- 10 : 14 ---

aprabu | pra rarya satus-slawe prah | datan ana rinêngat binuja-krami | sinaosan sakarsa ||

20. Mukti ingugung marang ki patih | patih brastha tyasira pra putra | katrapan roh parimane | mila Jênggala kukut | parangmuka tan wani sêbit | punggawa para putra | rêmpêgsabiyantu | anggêpe pan sumawita | mring kang rama Prabu Jênggala samya jrih | tan mantra-mantra putra ||

21. Saking dening pangrèhirèng patih | myang wadya gung alit tan suwala | malah toh ing jiwanggane | sumungkêm ambêg lampus | cadhang nadhah karyaning aji | kumurêb ing ayahan | ayahaning ratu | kacipta lalabuh lena | tan prabeda gêng alit lulute sami | rumêksa mrih prajarja ||

22. Saking sudibyanira ki patih | Kudanawarsa dêdêg pidêksa | abêcik katuranggane | pêthikaning pamulu | -nira patih Kudanawarsi | salêkêring wadana | methok sarwa patut | watake tadhah ing karya | nora ingan ing pakarti angrampungi | tan watak samudana ||

23. Rema mêmak-sêngsêm ing utami | tingal andik tajêm liringira | andhodong arang kêdhèpe | maya tlapukanipun | lêng-lêng kandêl puputih ngarsi | watak datan lèmèran | bêtah lèking dulu | alis mêlês ningat-sangsam | watakira apanggah sabarang kardi | mathis lathi arêta ||

24. Tipis ombèr pranajanirèki | watak bêtah micara kabisan | untu bêlah kawatone | watak tutuk pamuwus | nadyan duka ngenaki ati | atètèh ujar wantah | rinêngon tan sêngurêngu. | janggudjanggut. mêmêt ngikis yatra | watak tuhu tan ngakèhakên upami | uwang pangluking sangkal ||

25. Watak apik tan-pati angêmil | tan saradan idu sisi riyak | jangga nangsam-katapane | abêcik swaranipun | pamidhangan lèsèh apingwinawingwing. | watak sangkêping karya | rikat tan kasusu | sêsalang wêlar awijang | jaja mungal sumengêh wêwêg agilig | watake bèr paradhah ||

26. Wani kelangan ngudankên wangi | pamêthike mrih arjaning praja | pra jalma pinrih lulute | lambung lambang ngalandhung |

--- 10 : 15 ---

watake mêksa solahing ngling | bokong tèpos wataknya | bêtah yèn alungguh | pupu anggangsir akakas | watak rosa jêjêg olahing pakarti | kèmpol kiyal ngêmanak ||

27. Watak pandak ing gawe tan srênti | dhêngkul cèkèh de kang watakira | abêcik babasahane | alêga jangkahipun | tindak tungkak cumancêptumancêp. siti | watak jro panuduknya | pidêksa pamulu | sèbêtan pasagi pasang | wanda endah mardawa andarèh wèni | arêtna musthikèngrat ||

28. Kang nèng kanan keringe ki patih | sira Ki Tumênggung Pangancanan | Ngabèi Wirancanane | Wiramantri atêpung | Pangalasan Rangga Ngabèi | myang Arya Putranata | andhèr kapang têpung | satriya Panji ing ngarsa | Panji-sutra Sutrana Panji Kumitir | Panji Sutradiwangga ||

29. Panji-wulung jajare para ri | Radèn Kudapitana Pandhapa | Risikan lan Simpangane | Pambêrêg lan Pamêcut | dyan Lambangan Layaran tuwin | Jajahan Balajahan | Pamêgat Pamutung | Cawangan lawan Lautan | Radèn Kudapanurat lawan Panulis | Panonjok lan Panantang ||

30. Jayèng-antaka lan Jayèng-gati | Panjala myang Sandhatan Maringan | Pangoyodan Pangarite | Pamapag lan Pamêthuk | dyan Pantaka lawan Kintèki | Gadhingan lan Ingulan | Kumutuk Kumukus | Panakan miwah Panatas | Sintanu lan Sêntanan Kadhapan-rangin | Pangêrap lan Pandêngan ||

31. Kathah namane para putra ji | samya anganti marang apatya | dèrèng prapta sadangune | pasewakan asamun | kadya kitri angêmbang wohi | tuwin nora pradapa | saupaminipun | tan antara katingalan | king ing ngarsa arsa risang adipanji | Ino ing kasatriyan ||

32. Datan pati kathah ingkang ngiring | katarèng wingitira lir pendah | pradapa sinêmpal sore | angalêntrèh kadulu | tanpa paès èsmu makingkin | asongsong tan winêgar | mingkup anèng pungkur | wus tutug panjanturira | Nayakênthi nyêmpala kothak dhog muni | sru suluk gêndhing niba ||

33. Nulya Kae Bagus Jayèngragi | Ki Nuripin sigra pinarbotan |

--- 10 : 16 ---

kinarsan dadya kêdhoke | Ki Ngabèi gumuyu | myat Nuripin suka sarya ngling | e lah ya bênêr sira | wasisan pangulu | Asradênta angregol-a | lan Nuripin nulya binusanan aglis | dinododan srombongan ||

34. Tan adangu wus samêkta sami | kinèn anglènggèr anunjèng raga | Ke Kidang Wiracapane | angling sumanggèng kayun | Jèngraga tar lêngganèng kapti | gya maring pakothakan | gya asru atapuk | angrakit Panji gêng branta | aririmong midêr sondhère winiwir | cindhe wilis pinrada ||

35. Jayèngraga kalangkung rêspati | (m)bêksa nêmbang Panji-among-branta | wuri kadang kadeyane | Panji-anom lan Wirun | Kalanggada lan Benggol kaki | Nuripin Asradênta | dadya Dhoyokipun | Nuripin Sadugawèlnya | sakèhing wong anênonton rêbut ngarsi | amêndêr ing Jèngraga ||

36. Jalu èstri anandhang pangèksi | samya rarasan ririh lan rowang | e e kuwe dhadhayohe | bilah dene abagus | sigid bisa abêksa Panji | apa dhasare dhalang | myang wong bagor tapuk | kang ngangsong-jar sinauran | jare ajar-wawasi baut angringgit | kampir ing Lêmbuasta ||

37. Kèh rowange rarasan nauri | sesuk yèn mulih marang ing arga | ngong cêgat nèng dalan bae | sun-jak mring wismaningsun | pan kumrêsêg nauri sami | e ah yèn kadhisikan | mêngko yèn wus ucul | sun-gondhèlane kewala | mèn aja na ingkang bisa andhisiki | rêbutan têmah tukar ||

38. Kang nèng wisma gya mêdal nèng kori | samya mapan ana ing paningrat | amrih tawang pandulune | Ni Widuri saya gung | rimangira mring Jayèngragi | miyarsa kang rarasan | ngoso ririh muwus | sapa wonge kang angomyang | lah ta ora wani ngrêbut wong jêlanthir | eman duwèkku dhawak ||

39. Tan wus ucapên kang wawan-angling | pangibingira Ki Jayèngraga | angraras ukêl malinggèh | mire byak kang andulu | dyan Apanji tunggal apatih | kapara ragi ngarsa | mung kaot sadhêngkul | dyan No ing kasatriyan |Kurang satu suku kata: Radyan No ing kasatriyan. maksih rimong sondhèr pamêdharing kingkin | nising Candrakirana ||

--- 10 : 17 ---

40. Gya Ki Wuragil Kulawiryèki | sangkêp dhapuk rêraton Jênggala | amiwir sondhèr anglènggèr | wuri parêkanipun | angasigêg jêjêring ringgit | antara tigang gongan | laras tanjak lungguh | winalangkêrik ngadhangkrang | kinêbuting parêkan ing kanan kering | lir pendah nèng dhadhampar ||

41. Pan anêsêg anibani gêndhing | sinulukan pra bagor barungan | yata kang samya alinggèh | Jèngrêsmi amitêmbung | arsa ningit marang ing masjid | animpar ing pasilan | nèng susuro tajug | Ke Kidang Wiracapa gya | pan rumojong ing karsanira kang siwi | nuduh ing Wirabajra ||

42. Kinèn mundhut pagêlaran lêmpir | sarta sasaosan dhaharan |Kurang satu suku kata: sarta sasaosan dhadhaharan. kinèn rukti sêdayane | Wirabajra agupuh | angrumati saliring tuding | wus ramut sadayanya | gya umatur sampun | Kae Kidang Wiracapa | alon muwus anakmas kula-aturi | animpar maring langgar ||

43. Jayèngrêsmi nimpar maring masjid | pra kadang tri samya atut-wuntat | praptèng langgar pinarantèn | Jayèngrêsmi lon muwus | paman katri wangsuling ngriki | kawula kajênêkan | nèng tajug pikantuk | sasambèn sunat palilah | kang paman tri nulya wangsul ing pandhapi | nuduh ingkang rumêksa ||

44. Wong Kauman ingkang tuwa sami | kinèn angladèni anèng langgar | wus sami apakêmite | yata ingkang anyêngkung | dhalang bagor Ki Nayakênthi | nglangak leyangan kothak | kinêprakan suwuk | jumênggung sêg asêndhonan | sinulukan pathêt nêm angrêspatèni | jêjêring rêratonan ||

45. Nutug pocapanirèng aringgit | Prabu Jênggala wusirèng tanya | marang Kudanawarsane | mangsa myang lamènipun | murcanira putri Kêdhiri | patih Kudanawarsa | sawarsa turipun | akire mangsa kasapta | linging nata mring putra sang Adipanji | dhuh kulup dhawuhingwang ||

46. Aywa mangarang ruditèng ati | mangantu-antu ngantiyèng garwa | kang murca pagulingane | wus tan kêna kinayun | sun-pikramèkakên sirèki | nis wiryaning satriya | nal brangti dyah ayu | karsaningsun marang sira | adhaupa lan rinta putrane

--- 10 : 18 ---

yayi | yayi Ji ing Ngurawan ||

47. Tan prabeda kalawan kang anis | Sêkartaji Ni Candrakirana | malah kaparèndah mangke | yèn wus mong krama lulut | sumiliha kaprabon-mami | jemênêngajumênênga. narendra | nèng Jênggala mêngku | wadya kadang kadeyanta | jênêngingsun magawan among sirèki | anèng Cintakapura ||

48. Aturira wau sang Apanji | rêndhêt kalangkung dènnya lênggana | tan kumambang ing karsane | Dewaji Sang Pukulun | pun Apanji tan miyat lyaning | namung Candrakirana | kang karya gêng wuyung | suka tumêkèng pralaya | yèn tan panggih lan putranta Sêkartaji | kusuma ing Mamênang ||

49. Angupaya sêdya setra-candhi | Prabu Dewakusuma èmêng tyas | myarsa ture putra mangke | sang nata wus andulu | dhuh atmajaningsun Apanji | paran wasananira | awèta gung wuyung | kya patih Kudanawarsa | angrarapu mring sang wira Adipanji | anggarap ngêmu waspa ||

50. Myang kang para Panji anangisi | mring rajaputra kang pinangeran | arubung kanan keringe | umatur arawat luh | dhuh turutên ramanta aji | sirarya Brajanata | tansah angrarangkul | mring ki putra kasatriyan | sarwi waspa dhuh yayi turutên mami | tuduhe sudarmendra ||

51. Kumaroyok èsthane nangisi | sakèhing wong nonton samya wêlas | mulat kang dadi Panjine | karagan mèh satuhu | malah akèh kang mèlu nangis | dhasar wus kagrimisan | mring Jèngraga dangu | wong wadon tuwa myang bocah | ting salênggruk wênèh nangis tanpa kawis | ela-èlu kewala ||

52. Wus mangkana bubaran kang nangkil | kang jinêjêrakên angêdhatyan | pra bagor samya anglènggèr | pinangka samya mundur | mulih sowang-sowanganèki | tan wusning ucapêna | patopènganipun | saurut lalakonira | Jayèngraga yèn nuju wawêton Panji | tan liyan kang ing nglaras ||§ Prayoginipun / inglaras /.

53. Samya karênan lêlakonnèki | myat solahe Sarag praptanira | katrima guna dhêsthine | kèdhêp sawuwusipun | sang Apanji

--- 10 : 19 ---

wus kèngguh ing sih | mila Prabu Jênggala | mangke karsanipun | ing karsa mangun wiwaha | rajaputra lan putri binayangkari | rinêngga pinangantyan ||

54. Sabên wêton Panji Jayèngragi | dene kang paman Ki Kulawirya | kang dadi Gunungsarine | abêsus olèh guyu | ngakak rênyah gêtan nyêlori | angècèr babantêran | wong kèh kang kayungyun | Nuripin Sadugawèlnya | Ki Pangulu Asradênta Dhoyoknèki | pantês wong ro sambada ||

55. Sabobote pangulu lan santri | karya banyol cucutira dahat | Sadugawèle angomèl | hèh Dhoyok kawruhanmu | sun-tuturi duk nom sun nguni | bot-bote wong kasrakat | angingoni gulu | nglêmbara (m)bêbarang maca | layangku mung sakêbetsakêbèt. ringkês ngong linting | daya yèn tinulisa ||

56. Tulisane mung satugêl larik | bola-bali ing pamacaningwang | ingong bacutake dhewe | bêrkat bêcik swaraku | mrana-mrana tinanggap mami | kongsi cupêt sadina | kalarisan payu | Dhoyok angling layang apa | Sadugawèl nauri layang pêrmati | mêngkono uninira ||

57. Sêmut irêng anak-anak sapi | êng êng êng êng mung iku uninya | nora nana manèh-manèh | Ki Dhoyok ling hus buntung | têka dene bisane laris | nauri laris pisan | kang nanggap kumrubut | jêr wong ora nganggo opah | ukur akon bae kosêngguh ngopahi | tulus tan ana opah ||

58. Sadina bênthang kalanlihkalantih. ngêlih | nuli olèh sêmbulih wakingwang | mring padesan panujune | Dhoyok ngong pinèt mantu | kedanan mring swaraku apik | rinewang bukak kawah | nganggo nguyu-uyu | nêmbêlèh kêbo sapasang | wong sadesa kabèh padha kêmul jarik | tan ana ngliga awak ||

59. Basa têmu maratuwa mami | akon amuni gamêlanira | kumrawak kodhok-ngorèke | nora na bedanipun | calathune gamêlanèki | padha nyêngkarak erak | gêrok angêndhuruk | basa têmu nèng pajangan | padha mangan bojoku ingong-kêpêli | kagêdhèn kêpêlingwang ||

60. Pitung kêpêl êntèk dèn-puluki | kari sakêpêl pangêlêdira |

--- 10 : 20 ---

kasêrêtên gèdhèg-gèdhèg | nglumpuk kêpêlan pitu | nora kolu mandhêg nèng mênjing | aglis manira nyandhak | gulune bojoku | malêmbung sawaluh dandang | panyanaku kêpêlan kang mandhêg iki | tan wruh yèn gondhokira ||

61. Nguli-uli bojoku anjêrit | gupuh sanake padha bramantya | barêng ngêbyuki ngong kabèh | kang (n)jêjêg kang anjagur | kang ngawêlas ana mênthungi | dèn-aranni wong edan | Dhoyok raganingsun | srupaning kang mala mring wang | kabèh padha gondhok-gondhok sun-tingali | ngêtèmbol sagèmbolan ||

62. Kadèkêna calathune sami | nora beda padha bêbagoran | glêrêg lir têkèk gowoke | sabab gondhok sadarum | gondhok dalah gamêlanèki | kabèh sadesa pisan | wong gondhok ngalumpuk | ting garèndhol gondhokira | kucing kirik gondhok miwah kêbo sapi | gondhok-gondhok sadaya ||

63. Lamun nora gondhok jare wêdi | yèn kinêrah marang wong sadesa | Ki Sandilumur anjêngèk | mojar ngagagi jagur | ngudubilah sètanirajim | punapa bêbanyolan | anyêmoni mring sun | Nuripin gumuyu latah | kang Sradênta ngong datan nyêman-nyêmoni | sablakane kewala ||

64. Gêr ginuyu wong ing kono sami | Dêmang Wirancana Wiracapa | lan pra kadang sadayane | langkung suka andulu | mring banyole santri Nuripin | dudu wuwusing wayang | wus calathu lugu | Ki Pangulu Asradênta | kang ginuyu nganggo nyêbut cara santri | gèsèh ing patopèngan ||

65. Langkung sukanira kang ningali | bagor lalakone Narawangsa | kèh kasmaran panontone | wêruh ingkang anggambuh | Jayèngraga Kulawiryèki | tan kuciwa sabarang | cèplêsira mungguh | malah pra bagor manelad | pamiwire tatikêlane ngarangin | kang kadya Jayèngraga ||

66. Ana putune Ki Nayakênthi | lawan ponakane maksih bocah | sêmamar mèlu anopèng | rêsik rupane suluh | rumucuhe pawakan èstri | ran Wukir lan si Laba | karone wus gambuh | Wukir dadi Narawangsa | pan si Laba putune Ki Nayakênthi | si Wukir

--- 10 : 21 ---

kaponakan ||

67. Laba kang dadi Onênganèki | Jayèngraga suka maring bocah | ro Laba lawan Wukire | wiyungyun jroning kalbu | dhasar komuk wong sadesèki | si Wukir lan si Laba | di têmbunging kidung | yèn anopèng Wukir Laba | wong kang nonton akèh samya amèwèhi | kêmbang kinang busana ||

68. Miwah arta sinungkên mring Wukir | myang si Laba ing sasênêngira | yata kang samya anopèng | urut salakonipun | Sêkartaji putri Kêdhiri | sinêndhalmayang Dewa | pinulung dinunung | nèng wana-gunge Sêmara | -sèwu nêgês ing Bathara Odipati | tinurunan Jawata ||

69. Jinurungan sasêdyanirèki | Sêkartaji pan wus dadi priya | sinungan Narawangsane | tinuduh mring praja gung | ing Jênggala amangun-kardi | lumampah kawlas-arsa | wong nonton kayungyun | mring kang dadi Narawangsa | wus kapêthuk Sadugawèl gya ingirid | ingambil karya patah ||

70. Wus apanggih lawan sang Apanji | langkung anyênyêt pamoyokira | mring Sarag kasatriyane | anggulêt ing kalulut | Narawangsa lawan Apanji | wong nonton ragan-ragan | pinindha kadyèku | anutug lalakonira | nuju Panji akarya lalangên ringgit | Narawangsa andhalang ||

71. Pra ngigêl pangikêling cêmpurit | (m)branyak sarwi aleyangan kothak | dyan Panji tansèng wurine | miluta sojaripun | ngungkih Sêkartaji sajati | wêdhare Kirananya | kang pinurwa sêmu | wasi Kuda-narawangsa | kaduk wuwus pangokonira akikip | aguyêg ing paguywan ||

72. Yèn sun-cawuk lambemu angisis | sun-colok ing ngêlêng-ngêlêngira | macothot manikmu molèr | têmah mêlêngmu bawur | tan idhêp ring bojonirèki | malolokakên mata | si abuh malêmpuh | têmbako pangusap waja | susar-susur loke araning garingsing | sira gung kacomplongan ||

73. Ancur-banon pataranganing prit | lêbur atimu uwus karuhan | dèn-abyag ing bajul bèbèk | katêluh ing kalinthuh | myang babêthuh angungunthuhi | rambutan isi pacar | elinga wong

--- 10 : 22 ---

bingung | liwung ngiwung edan ngomyang | angêlamuk kalinthunging linthung kênthing | thèthèkan ngothak-othak ||

74. Langkung suka kang sami ningali | saking nyênyêde carêmêdira | Jèngraga lan si Wukire | atine wong awuyung | brangti marang Jèngraga-Wukir | katêlu mring si Laba | kèh mring Jèngragèku | mangkana sadangunira | Narawangsa kinasiyan Jayèngrêsmi§ Prayoginipun / Jayèngragi /. | wus wêdhar ing kêkêran ||

75. Sarag-ira wus kinèn nêlasi | Wadal-wêrdi wus nèng pamagahan | pinulung ing Batharane | dadya sang Panji gandrung | marang Kae pindha-wawasi | sajatine Kirana | mangkya karya gandrung | angarah kang malih warna | ri sang Adipanji Inokartapati | gandrung samarga-marga ||

76. Kadeyan pitu kawolu èstri | sira rara Onêngan kasanga | kang para wadon cacahe | tutwuri ri sang gandrung | datan kêna barang kaèksi | kang myarsa têbah-jaja | mara gandrung-gandrung | parênjak nèng kayu teja | rinarêpa rinungrum ingarih-arih | cinipta putri Daha ||

77. Ragil-kuning tansah anangisi | kang raka cinènèng paningsêtnya | kakang aja anêlame | têka agandrung-gandrung | kapirangu ing prênjak muni | dudu Candrakirana | pinarêpa gandrung | gandrungmu asalah cipta | iku manuk parênjak rong jodho muni | (ng)gantêr nèng kayu teja ||

78. Anauri iku dudu pêksi | kakangira kusumèng Mamênang | duduka marang sun mangke | mêjên tyas anggung gandrung | kapirangu rêngu ing mami | mimikaning kusuma | mawèh mepu gandrung | gandrung manira tan nyana | yayi Wasi putri adi ing Kadhiri | ran Kuda-narawangsa ||

79. Radèn Panji Ino Kartapati | tansah kantaka samarga-marga | rinubung pra kadang kabèh | nangisi ri sang gandrung | samya mêngkul suku anangis | wong nonton sadayanya | samya sênggruk-sênggruk | tan raga-raga ringgitan | kadya sawantahe rasane kang ati | tapis rantas katrawas ||

--- 10 : 23 ---

80. Jalu èstri netra datan arip | saking dènnira suka tontonan | kalulut lakoning topèng | kèlu kawêlas-ayun | sira nimas Rara Widuri | kadurus rudatin tyas | anglês lir winuluh | myating bagus Jayèngraga | Ni Widuri mèh-mèh bae kurang thithik | ngrasuk têngah kalangan ||

81. Tan wus ucapên solahing jalmi | kang anonton kadi lênglêng brangta | ya ta lah lakoning topèng | ing wanci lingsir dalu | sigêgên ing caritanèki | Ki Nayakênthi kêprak | pangucapira sru | anênggih ingkang kocapa | ingkang anèng Kalidhawung sanga Aji | Kalana Sewandana ||

82. Lir ginala-gothang kang anangkil | sigra tanggap ki niyaga buka | gumrêmbrêng§ Prayoginipun / gumrêmbêng /. sêsêg gêndhinge | pra bagor ngrasuk tapuk | ting jalikrah gidrah angibing | warna bala-bacingah | kawêng tali-wangsul | Ki Wuragil Kulawirya | pan dadya panyare§ Prayoginipun / panyarèng /. Rangga Thana-thaniThona-thani. | sisih Ujung-sambata ||

83. Bataura lan pra raja nangkil | ing Madhêndha Manila Manggada | kang kapara ngarêp dhewe | jèjèrira alungguh | Rangga Thona-thani lan malih | Arya Ujung-sambata | Bataura nêngguh | nutug jajanturanira | Gala-gothang nulya anibani gêndhing | miyos Prabu Kalana ||

84. Kêprak sarta kêplok angrangin |§ Kirang sawanda, prayoginipun / angrarangin /. Jayèngraga ngowahi busana | sondhère pinorah-parèh | ingulur kuncanipun | kêpuh mulu-pêksi salisik | mêdhok wiwironira | sri angayu-apu | pamêkak têrtib binabar | alancingan panji-panji cindhe wilis | corak kisut parada ||

85. Jayèngraga ngrasuk tapuk-adi | Klana kancanan binabar anyar | sawuse anangkêp topèng | nulya ukêl agambuh | jêngkêr jêngkêng ingkang jariji | jêjêre talak mata | nging bêksa binêsus | akênaptining pangraras | nguras reka sandi lungiding pangibing | sinuntak tumplak lawak ||

86. Dhalang Nayakênthi angêthakiangêpraki. | anjanturi Kalana kasmaran | rêrêp ririh janturane | nutug janturanipun | Sri Kalana wuyung

--- 10 : 24 ---

mangun-gring | putri-adi Ngurawan | paranning alinglung | gêndhingira sinasmitan | kêprak nêsêg ambyung sarancak arawit | wiraga Jayèngraga ||

87. Mêdêd mêngêd dènnira angibing | nêlasakên rarasing kalangyan | lir kajiman pangrangine | jariji kêjêr ngrayung | ngigêl ukêl parigêl ngrangin | manggal Manggalagita | tatapêngan nanduk | kipat amidak irama | dhêngkul angglong cingklok cêthik uklak aklik | pacak-jangga èglègan ||

88. Mênthang asta andhêngklang ngêtibing | têtêbêngan usab kêlèmètan | ilo-ilo alêlathèn | maju bandhil anurung | amêdidang |Kurang lima suku kata. alênggak langak-langak | kiprah gêdrug-gêdrug | angêsrug mêdhi-kèngsêran | èpèk-èpèk ambuntut bèbèk kêkiris | kèrogan salênthikan ||

89. Ririgêgan laga tan karigit | kipat-kipatan nonang-aningan | lero kêncèt anêrècèt | ridhong ayam nêladhung | kasigêgan tanjak macaki | akiprah runjah-runjah | jarahan jujungut | juwête lorèng sêngèran | Jayèngraga wiraganira angênting | berag anèng kalangan ||

90. Sakathahe wong kang aningali | jalu èstri acipta kedanan | mring Jèngraga pangibinge | mêjên binglêng anglinglung | wlanjar randha somahan kêncing | tan beda brantanira | (n)dêlêng sang abagus | Jayèngraga pinurwèndah | sadayane pawèstri tan ana aking | ngêmbêr nyunyungannira ||

91. Yata wau Ni Rara Widuri | kadya wong kêna guna-wisaya | arongèh tambuh angêne | batinira baliwur | lir ginatêl karêpirèki | tan kêna sumêneya | wringut ing pandulu | ni rara ing Galèk-wulan | wulangune wus tan kêna dèn-sayuti | onênging tekadira ||

92. Ngènirakên sangkribirèng èstri | wus mantêp karsa mikir priyangga | katgada sanalikane | nimas rara nyat gupuh | lumayu tan wangwang ing jalmi | mimiyak wong jagongan | nulya ngrasuk purun | mring anggane Jayèngraga | rinukêtan tan bênggang lir pulut-kêlit | krakêt sarwi karuna ||

--- 10 : 25 ---

93. Jayèngraga kagèt dèn-kêkêti | mring Ni Rara Widuri keringnya | Jèngraga anglukar topèng | pra bagor miwal tapuk | gamêlan cêp tan ana muni | gègèr sak-panontonan | samya ngaruh-aruh | kang jagong mlêngak alêngak | sutanira Wirancana Ni Widuri | ngêbruki Jayèngraga ||

94. Kimas Wirancana Angabèi | lawan kadangira kang lêlima | Kimas Mancanapurane | lan Singabancanèku | Wisanjana Wiranjanèki | mangunjana pra samya | ambêg sura rêngu | cipta lingsêm ing sasama | de pulunanira Ni Rara Widuri | anumbuk nunjang-nunjang ||

95. Samya bramantya angingêr kêris | wong lêlima sarêng adêgira | dadya samya ngadêg kabèh | Wiranjana sru muwus | e e bilah kapriye iki | lah mangke ta mangke ta | sampun wontên rusuh | gumêdêr wong sakalangan | Ki Wuragil Kulawirya malangkêrik | ngangglahngaglah. ngampingi putra ||

96. Sarwi angling mring putra Jèngragi | bocahe iku sira rangkula | ywa wèhi bênggang rakête | wus aja mèlu-mèlu | kurdakanesanake§ Prayoginipun / kurdanira /. sami | sun ijènpriyangga |Kurang satu suku kata: sun ijèni priyangga. kang asoroh-amuk | sanajan kinarubuta | wong samene mangsa nêdya sun-unduri | suka matyèng kalangan ||

97. Yata ingkang anèng masjid alit | Jayèngrêsmi wusnya bakda tangat | kagyat sabawaning rame | jalwèstri sru gumuruh | kapyak ingkang gagaman kèksi | wus narka yèn babaya | ingkang paman wau | sigra têdhak saking langgar | mring pandhapa wus panggih lawan kang rayi | myang paman Kulawirya ||

98. Mas Wirancana tan bisa angling | gêtêm-gêtêm manahe kèwuhan | suwe-suwe bot wirange | supe kramaning lungguh | wus supêkêt lan kadangnèki | myang pra santananira | nêdya ngrurah rusuh | anglêbur ing Lêmbuasta | Kae Kidang Wiracapa asru angling | mring kadangira tiga ||

--- 10 : 26 ---

99. Hèh Wiranjana Wirancanèki | Wirabajra aja kakêrisan | niyat ambêg tatu bae | sabilai pakewuh | yèn tan kêna ingsun-tuturi | êmbuh kêdadènira | ya nêngna bae wus | gègère ing pakalangan | tanpa rungyan gègère pating jarêlih | mapanakên gagaman ||

100. Tan antara dangu ingkang prapti | wau sira Ni Rara Ginubah | anêrak wong sami mire | laju mring pandhapa gung | taksih manggung nitih turanggi | srênggalanya wayungyang | tan têbih nèng ngayun | Ni Rêtna asru lingira | iki ana apa prakaranirèki | gègère ing kalangan ||

101. Kidang Wiracapa marêpêki | mring putranira Rara Ginubah | sarwi alon pamuwuse | lah mudhuna karuhun | mêngko sira ngong-pituturi | ni rara gya tumêdhak | sing turangganipun | rêrêp tan ana wong mojar | Kae Kidang Wiracapa mituturi | purwa madya wasana ||

102. Wus ngartika ni rara nulya ngling | wis-wis aja na padha adêgan | sadaya pra samya linggèh | babêkêl bundhêl umbul | namung Wirancana Ngabèi | sakadangira lima | myang santananipun | mire nèng pojok pandhapa | maksih ngadêg kumpul tan ana kang linggih | Ni Rêtna sru ngandika ||

103. Hèh-hèh Wirancana kang Ngabèi | dene arakit sakadangira | dêlênge kaya agawe | kaya bocah sirèku | ing prakara tan nganggo pikir | tur ta mangsa bejosa | kabèh dhi-adhimu | iku si Mancanapura | sakadange padha bêthatha-bêthithibêthitha-bêthithi. | kumaki mongsèthora ||

104. Yèn sira nora lungguh tumuli | pa kongsi sun srêgakên srênggala | githokmu wong lima kuwe | kêndhak ingkang sinêndhu | nulya samya atata linggih | Jèngrêsmi Jayèngraga | Ke Kulawiryèku | lênggah anèng pakothakan | kapat lawan sira Ni Rara Widuri | ambondhèt Jayèngraga ||

105. Maksih mingsêg-mingsêg dènnya nangis | yata Ni Rara Rêtna Ginubah | lan kang rama myang ibune | mêrpêki (ng)gyanning lungguh | Kae Wirancana Ngabèi | sarya lon wuwusira | kang Bèi sirèku | idhêpên pituturingwang | aprakara anakmu Rara Widuri | pupusên driyanira ||

--- 10 : 27 ---

106. Bageya wus pinasthi Hyang Widdhi | ya wus aja kèh-akèh rinasa | mungguh ing karêpku dhewe | ya si Widuri iku | sun-panggihkên lan Jayèngragi | apan iku wus padha | karêpe kadyèku | ingsun pasaja kewala | lamun sira tan miturut jênêng-mami | apa sakarêpira ||

107. Yèn budiya ingsun sêmbadani | yêkti sun-gawe pakan gadhungan | mangsa wurunga ing mangke | dene yèn sira nurut | yêkti bêcik dadine benjing | malah sira kang bêgja | lèhmu duwe mantu | ngulama bagus tur nyata | sarwa wasis cacalon jalma linuwih | lagi karêm ngarucah ||

108. Kidang Wiracapa nambungi ling | anakmas Dêmang Prawirancana | prayogi pinikir sarèh | pinrih ing tamanipun | pênêt ngangge geyongan ngèlmi | lêrês ujare rinta | kang kadya puniku | Kae Dêmang Wirancana | wijiling ngling sêrêt amangsuli aris | mring Ni Rêtna Ginubah ||

109. Manira wus anut ing sirèki | iya yayi paran sakarsanta | tan lênggana saliring rèh | kewala ingsun anut | marang sira tan swalèng ati | mangsa bodhoa sira | pulunanirèku | si Widuri ingsun pasrah | lah sumangga karsane paman kang yêkti | rêmbuge kang kinarsan ||

110. Ni Rêtna Ginubah angling malih | pan wus sira sumarah maring wang | rinêmbug wong tuwa kabèh | payo padha alungguh | anèng wisma lan kyai-kyai | rêrêmbugan kang dadya | ya êndi kang mungguh | nulya sami maring wisma | para tuwa Ni Rara Ginubah angling | mring Kae Jayèngraga ||

111. Hèh man Wirya lan kakang Jèngragi | payo lênggah ing jarambah wisma | padha rêmbugan bêcike | lan kakang Jèngrêsmiku | ywa sumêlang driyanirèki | lêstarining prakara | ingsun kang ananggung | tutute kang duwe sanak | sêtun pamrih ingsun sakarone sami | lulusing kabêcikan ||

112. Lah wis payo mring wisma alinggih | si Widuri iku ywa kêna sah | mêngko pikirên bêcike | anulya kèrid masuk | nunggil tata dènnira linggih | nèng ngarsaning tilaman | akêpang akêpung | Kae Kidang Wiracapa | Dêmang Wirancana Mancanapurèki |

--- 10 : 28 ---

lawan Singa-bancana ||

113. Wisancana Wirancana nênggih | Mangunjaya nunggil Wiranjaya | sang Wirangkara twin manèh | Wirabajra atêpung | Ki Wuragil Kulawiryèki | Jayèngrêsmi acêlak | kalawan sang ayu | Ni Rara Rêtna Ginubah | Jayèngraga kalawan Rara Widuri | nèng pungkure sang Rêtna ||

114. Sang RetnaRêtna. Ginubah angling aris | paran kang dadya rêmbuge samya | manawa na malang mangke | aja na dèn-dhong wuwus | ngucirani ing rêmbug dadi | sadaya tan suwala | jumurunging kayun | sang Rara maturing rama | yèn sambada putumu Rara Widuri | lan kakang Jayèngraga ||

115. Sun-dhaupkên ing sawêngi iki | paningkahe saiki kewala | lah ibu rumatên§ Prayoginipun / ramutên /. age | abon lan suruh-ayu | Kae Kidang Wiracapèki | mojaring garwanira | rubiyah dèn-gupuh | ngrakita praboting ningkah | lan dèn-enggal dadakan bae saiki | karêpe sutanira ||

116. Ingkang garwa Nikèn Widaryati | tur sandika lèngsèr saking ngarsa | angrukti nuduh parêke | parèstri sigra ramut | bon-abone sasanggèn kawin | tan dangu wus samakta | katur anèng ngayun | Ni Rara Rêtna Ginubah | angandika tatanên nèng têngah aglis | hèh Pangulu Sradênta ||

117. Lan Nuripin majua ing ngarsi | lan ngundanga manèh roro êngkas | kaum kang dadi sêksine | Asradênta agupuh | ngundang papat kancane modin | tan dangu nulya prapta | sang Rêtna amuwus | kang Dêmang Prawirancana | walènana sutanira Ni Widuri | ing kene mangarsa-a ||

118. Nunggala lan kakang Jayèngrêsmi | sigra Wirancana nulya mapan | Ke Kidang Wiracapane | atata dènnya lungguh | ki pangulu sampun miranti | maksih samya basahan | lan Nuripin wau | ni rara alon ngandika | kakang Jayèngraga majua ing ngarsi | gupuh ingkang liningan ||

--- 10 : 29 ---

119. Angling malih Ni Rara Rinujit | ibu iku putumu Ni Rara | rêsikana sapatute | wèhna ibune (m)bakyu | Wirancana kèn (m)busanani | kêrik alise sarat | brêkat sih akudhup | kang ibu nulya angalap | mring Ni Rara Widuri kèn-(m)busanani | dadakan pinaèsan ||

120. Ni Rara Rêtna Ginubah angling | lah wus kakang Bèi Wirancana | têmbunga lan pangulune | kang liningan agupuh | Wirancana nulya majibi | alon ing wuwusira | hèh kyai pangulu | kula ngrêsaya jêngdika | (n)dika ningkahakên nak-kula Widuri | lawan Ki Jayèngraga ||

121. Maskawine pan salaka putih | wrat satail Ki pangulu sigra | angabulkên paningkahe | sigra maca tangawut | ngusikumi badlal wa-napsi | wabi takkuwa Allah | -hi Allah wa-ngidun | wa-bin-tilani wa-minta | bima haribadi ki pangulu angling | pakênira ngucapa ||

122. Anarima kawula puniki | paningkahe Ni Widuri lawan | kawula lan maskawine | salaka putih nêngguh | wrat satail dadosa mangkin | utang-kula ing donya | ing ngakeratipun | wus tinurut saujarnya | nulya maca sabadlakal-lahubari | ngaliyil ngalimina ||

123. Ngaleka-hèr-wabi dalihihi | Allahuma alibbena huma | bi-rahmattiyar mukrime | têrus salajêngipun | dènnya donga awanti-wanti | anulya saksinira | Nuripin tumanduk | mèsêm jrih sajroning nala | sarwi nêkêm jêmpole Ki Jayèngragi | pan sarwi jinanjènan ||

124. (n)Dika tampi jangji-dalêm mangkin | lamun nora yèn anuronana | ngomahi ngayani mangke | sah tanpa talakipun | sung maskawin marang ing rabi | lan malih yèn nambanga | ing rabinirèku | pitung sasi ing dharatan | rong taune lautan saliyanèki | gawe-dalêm ayahan ||

125. Tan trimane rabinira benjing | runtuh talakira kang satunggal | tinagih ing maskawine | Jèngraga ngling wus saguh | nulya modin Ki Nurjuwahir | nambungi maca donga | Salamêt anutug | sawusira ingaminan | Jayèngraga salaman ngabêkti maring | Ke Kidang Wiracapa ||

--- 10 : 30 ---

126. Lan mring Wirancana mratuwèki | samya rarakêtan parimarma | miwah mring kadange kabèh | anor pangrêpanipun | ingalatira pra sami |Kurang satu suku kata: ingalatira para sami. minta alalbahalal | wus maklum-minaklum | warata pasalamira | mring pangulu Asradênta myang Nuripin | myang modin sinalaman ||

127. Angabêkti mring raka Jèngrêsmi | miwah mring kang paman Kulawirya | sung salam Ni Rara Nikèn | kang rayi datan ayun | lan wus aywa awalang-ati | anggêpok raganingwang | tan kêna anyukup | priya marang raganingwang | mangsa kalirua kakang sihing ati | kang tumêka tyasing wang ||

128. Mèsêm Jayèngrêsmi Jayèngragi | kaluhuran wingiting wacana | saya mawantu trêsnane | mring Ni Rara Rinêmpu | kang ngasramèng ing wana rungsit | yata aboning ningkah | sarah abonipun | tinampan ing Asradênta | sinungakên muadin kinèn ambagi | sabokor mring Asradênta ||Lebih satu suku kata: sabokor mring Sradênta.

129. Pinaro lawan santri Nuripin | kang sabokor dinum santri kathah | tindhihe rong reyal sisèh | wus rampung pandumipun | angling malih Rêtna Rinujit | lah iku putunira | si Widuri mau | paran wus dènnya busana | sakadare dadakan rêbut ing wanci | daya-daya têmu-a ||

130. Bokmas Wirancana anauri | sarwi waspa muwus samêktèng dyah | sompok sarupa-rupane | Rêtna Ginubah muwus | ngarah apa wus bêgjanèki | mêngko bae wasisan | kêndhuri majêmuk | rêbut têmuning pangantyan | Jayèngraga pinatut pangaggenèki | akuluk kanigara ||

131. Ni Rêtna Ginubah angling malih | pangantène dyah nuli wêtokna | mas Wirabajra dèn-age | gamêlane kon nabuh | Kêbogiro Wirabajra glis | parentah ring niyaga | muni gamêlan sru | ngrarantêg ngrangin araras | pangantèn dyah sira Ni Rara Widuri | mijil sing pamirèyan ||

--- 10 : 31 ---

604. Mijil

1. Ni Widuri binusanan asri | tuhu ya§ Prayoginipun / yu /. kinaot | datan mantra yèn dadakan trape | kongsi karya lêlatha thi-athi | mathinira nitis | cacithak cacênthung ||

2. Kinaroning ngiring bubahnèki | kanan kering ngroyom | para (m)bokajêng sabêndhoyote | myang nini-nini milyanjênêngi | panggihing pangantin | mangkana pra kakung ||

3. Sadayanya samya angadêgi | tan ana kang lunggoh | sira Rêtna Panggubah§ Prayoginipun / Ginubah /. pan age | nyandhak astanira Ni Widuri | paguting pangantin | gagantalan gupuh ||

4. Horêg ingkang ningali ing (n)jawi | jêjêl rêbut ênggon | lan kang (n)jaba sami ngadêg kabèh | myang pra bagor tan ana kang linggih | panontone ngalih | mring wisma sadarum ||

5. Ni Rara Ginubah angling malih | tumpêr kayu kelor | kon-nyêkêli si-lanang tumpêre | si Widuri kang anyiram warih | sarat dhudha panggih | lawan prawan kêncur ||

6. Lan tigannya tinibakkên aglis | mring jrambah kumêprok | toyèng bokor sêkar sêtamane | tinètèskên ing êmbun kaping tri | ni rara ngling aris | nêmbaha sireku ||

7. Mring lakimu anuruha warih | mring padanira ro | Ni Widuri anêmbah sira ge | nguswa suku nguswa padèng laki | sang Rêtna ngling aris | pondhongên bojomu ||

8. Jayèngraga ngalap Ni Widuri | sang rêtna pinondhong | prapta madya ing tilam ngarsane | ibu Widaryati kang nêngahi | ing kering Widuri | sang Rêtna Rinamu ||

9. Jajar lan (m)bokmas Wirancanèki | myang mratuwa wadon | kananira Ki Jayèngragane | Kae Mas Dêmang Wiracapèki | nulya Jayèngrêsmi | Ki Kulawiryèku ||

--- 10 : 32 ---

10. Gya Mas Dêmang Prawirancanèki | sauruting lunggoh | para kadangira sadayane | Wirancana myang WirakarèkiWirangkarèki. | Wirabajra nuli | Mancanapurèku ||

11. Singabancana arinirèki | sauruting lunggoh | Wiryanjana lan Mangunjanane | Ki Pangulu Sradênta Nuripin | pra mantên lan modin | têpungira lungguh ||

12. Ni Rara Ginubah angling malih | mring kang paman gupoh | hèh Mas Wirabajra sira age | kandhurine wêtokna dèn-aglis | kang sinung ngling nuli | nuduh rewangipun ||

13. Kasinoman samya ngêladèni | salawe ambêng bot | kang nèng panjang gêng pan kêndhurine | anèng wisma pininta jalwèstri | pitung ambêng ngarsi | kang wolulas nêngguh ||

14. Ambêng layah agêng anèng ngarsi | pinètak pra wong-wong | Ni Rêtna ngling hèh pangulu age | donganana kajate kiyai | kirim donga Muklis | dongane majêmuk ||

15. Ki Pangulu Asradênta nuli | (n)dongani agupoh | ingaminan sru swaraning akèh | sawusira dènnira (n)dongani | sang Rêtna ngling aris | mara ta dèn-gupuh ||

16. Padha sira kêpunga kêndhuri | kabèh lanang wadon | sun anunggal pangantène bae | ibu lan (m)bakyu Wirancanèki | sarêng samya wanting | sarêng nadhah kêmbul ||

17. Ni Rêtna Ginubah angling aris | mring Jèngraga alon | kêpêlana bojomu tri bae | aywa kagêdhèn (ng)gonmu ngêpêli | Jèngraga ngèsêmi | sarwi ngêpêl sêkul ||

18. Kulawirya mêne mulat siwi | sarwi ngandika lon | nora jamak ngèram-ngèramake | sira iku Ni Rêtna awasis | lir wus anglakoni | kêdahe wong mantu ||

19. Iba wong tuwa samene iki | lir busuk anjomblong | kêndhak kabèh tan ana kumlawe | amung sira dhewe angugêri | apa sira nini | dhasare wus tau ||

20. Dene parigêl sabarang kardi | parentah marang wong | iya dene ta lah sira Nikèn | apatitis nuduh liring kardi | ni rara nauri | mèsêm sarwi (n)dulu ||

--- 10 : 33 ---

21. Kalingane ngumpak sira iki | mas Wirya maring ngong | Ki Wuragil anjola guyune | nora ngumpak satêmêne nini | Kae Angabèi | nambung wuwus (ng)guyu ||

22. Kadipundi punika dhi Ragil | putranta si Dhenok | wingi kula tutur sadayane | uning tiyang mantu kadipundi | sajêge aurip | tar wruh kukus-kukus ||

23. Sira Nikèn Widaryati angling | dènnira miraos | pan karaos pangrêsirèng tyase | myating karya lir mantu pribadi | lamine tan uning | rasaning mamantu ||

24. Ngêmbêng waspa sinamun abukti | ngênês ing tyas kepon | sang lir Rêtna Ginubah sêmune | kang tinadhah mung paru sacuwil | tan antara sami | kang nadhah anutug ||

25. Aluwaran kang samya abukti | sadaya tuturoh | ambêng dinum binêrkatan kabèh | jalu èstri ing jro lan ing (n)jawi | tan ana kang kari | ing pambêrkatipun ||

26. Nulya Ni Rara Rêtna Rinujit | wijiling sabda lon | padha kariya sun arsa mulèh | tutugêna kasukanirèki | kakang Jayèngrêsmi | man Kulawiryèku ||

27. Ingsun mulih mring asrama mami | akariya lunggoh | Jayèngrêsmi alon andikane | tanggung têmên yayi sira mulih | tatasên saratri | sesuk bae mantuk ||

28. Yèn kêna bêcike anganti |Kurang satu suku kata: Yèn ta kêna bêcike anganti. ing saulih-ingong | têka sesuk kêlawan êmbènne | Rêtna Ginubah nauri aris | kakang Jayèngrêsmi | sru panrimaningsun ||

29. Sun-tuturi kakang kawruhanèki |§ Kakathahên sawanda, prayoginipun / Sun-tuturi kang kawruhanèki / [Sun tuturi kakang kawruhnèki]. iya raganingong | nora bêtah têmu suwe-suwe | ing wong akèh sadumêlah mami | durung anglakoni | kadyèki papangguh ||

30. Dene kakang lamun sira mulih | aja walang-atos | pakewuhe nèng marga watire | iya aku ingkang mêmanuki | sira Jayèngrêsmi | rumojrongrumojong. sakayun ||

--- 10 : 34 ---

31. Angling malih kakang Jayèngragi | kariya karongron | Jayèngraga alon pamuwuse | iya yayi pangèstunirèki | sang dyah nulya pamit | marang rama ibu ||

32. Mojar hèh man Wirabraja iki | êndi jaraningong | si Limutan ajokna marene | dyan lumampah anyèngklak turanggi | srênggala tan kari | ngijig anèng ngayun ||

33. Kewala laju têngah pandhapi | Ni Rêtna wus andon | de kang kantun anèng padhapane | Ke Kidang Wiracapa Ngabèi | angandika aris | mring kang samya lungguh ||

34. Pênêt anèng ing paningrat (n)jawi | aningali bagor | samya matur sumangga karsane | nulya nuduh marang ingkang rayi | hèh Wirabajrèki | ngambila kang salu ||

35. Kang rada ombèr ruktinên aglis | nèng paningrat kono | Wirabajra sigra ngambil age | bale agêng tinrap amiranti | wus samya miranti | sasaosanipun ||

36. Kae Kidang Wiracapa angling | mring Jèngraga gupoh | lah anakmas bagus pinangantèn | tumama-a alayap tilam-rik | Jèngraga turnya ris | sakalangkung nuwun ||

37. Pasihane kakang Angabèi | kawula rinojong | kinèn kulinèng patilamane | Kae Kidang Wiracapa angling | ywa sumêlang galih | sumangga ing kayun ||

38. Tan rumangsa andarbèni panti | salir sun-katêmpoh | Jayèngrêsmi lan Kulawiryane | apan samya micara jro ngati | anon ring Ngabèi | maksih labêtipun ||

39. Mangunahe ngulama katawis | lêkêting pasêmon | dènnya rakit ing pasunggatane | mawi kêmbarmayang mawut asri | tutuwuhan kitri | lir wong amamantu ||

40. Mangke têmahe Ki Jayèngragi | kang kinarya manton | kadya wus tan ninang graitane | Kae Kidang Wiracapa Bèi | angandika aris | wawi andudulu ||

41. Pênêt samya nèng paningrat linggih | nonton wong ambagor | Nayakênthi kinèn nutugake | lêlakone topèng dèrèng salin | kang liningan aglis | sandika turipun ||

--- 10 : 35 ---

42. Nulya sadaya samya umijil | nèng paningrat lunggoh | wusnya tata kabèh palungguhe | Kae Kidang Wiracapa angling | marang Nayakênthi | tutugna lakonmu ||

43. Kang sinung ling sandika turnèki | nulya kêprak gupoh | kang niyaga buka gamêlane | yata kang nèng wisma Jayèngragi | lan Nikèn Widuri | êmban lawan ibu ||

44. Sinambrama mring Ni Widaryati | myang putra pra wadon | kinèn minggah mring pasareane | Ni Widuri wus tinarik guling | mring ibunirèki | wus tinarik turu ||

45. Nulya mire sadaya pawèstri | anon kang ambagor | Jayèngraga wus tumamèng langse | tumangkêping kasingkaping samir | sinamuring (n)jawi | tapuking atamu ||

46. Jayèngraga tumamèng tilamrik | kulinèng karongron | lawan Rara Widuri pinaès | Jayèngraga agyarsa murwani | de kang sêkar kincip | wêdharing mabangun ||

47. Amêpêki Jayèngraga ririh | Ni Widuri alon | angalêt wariju ginape |§ Kirang sawanda, prayoginipun / angalêlêt wariju ginawe /. binaudan ing srênggara manis | amrih lunturing sih | brêmara marang rum ||

48. Nguswa angudi maduning sari | ni rara rinêmpon | sompok supêk pinapan ujure | pinriyêmbada pinongah pangih | angungkih kang tapih | timpahing ngapupu ||

49. Wus kawingkis akengis kang wêntis | lir pupus binêthot | andrawila adênta padane | sang kakung mrih ngingsêp ingkang sari | warastra nanduki | prananirèng kudhup ||

50. Rinabasa papan maksih kunci | kapêlak kabunton | dhêdhêl kèngêl kongkal pupungule | Jayèngraga adrêng dènnira mrih | Ni Rara Widuri | katêtêsaning hyun ||

51. Kadya tan nêdya kakung ngluwari | saking byatning raos | Ni Widuri kênthêng salugune | pinolahing kakung langkung wasis | pangêsêsira mrih | lir tan nêdya uwus ||

--- 10 : 36 ---

52. Yata kang marambah andon rêsmi | wanci akir Suboh | luwaran mring pahèran kaliye | Jayèngraga gya mèt toyastuti | mring masjid ngarèni | dènnya salat Subuh ||

53. Ni Rara Widuri wus sung suci | wangsul ing kakobong | kadya tan kêna bênggang anggane | tinilar Subuh tyas lir tan nganti | saking byating kang sih | wirangrong amingkur ||

605. Wirangrong

1. Yata kang salat nèng masjid | wus bakda dènnira Suboh | kang raka kalawan pamanipun | Ki Kulawiryèki | Ke Kidang Wiracapa | wus lungguh anèng pandhapa ||

2. Jayèngrêsmi ngandika ris | marang pamanira alon | inggih ta kang lampah sakalangkung | sulaya ing kardi | ngupaya kang lêlana | anjajah guwa wanarga ||

3. Sring kacangkol ing pangampir | dadya ing lampah bêdhandho | angrandhati lampah anèng purug | paman kadipundi | pinikir kang sakeca | sutanta Ki Jayèngraga ||

4. Mangkya jênênging arabi | tan kênang ginupoh-gupoh | anèng Lêmbuasta apêsipun | sapasar tan mulih | yèn kongsi kalampahan | kewala nèng Lêmbuasta ||

5. Tan cakup tirakatnèki | têmah angambrêng lêlakon | kang paman ris nabda iya èstu | lir wuwusirèki | sumangga sakarsanta | ingong rèh anut kewala ||

6. Kang katêmu pikir-mami | kajaba karsanireko | namung maklumira kang sinuwun | wus ganjaranèki | nèng paran ababrayan | anakmas kang sinung coba ||

7. Mokal kalêmpit ing galih | lah ewadene samono | manira tan malangi sakayun | -nira ngong tutwuri | Jèngrêsmi lon ngandika | mring rayi sang Jayèngraga ||

8. Priye karêpira mangkin | rèhning kacangkoling wadon | paran sira-gawa iya mantuk | wartanana mami | apa ta sira tilar | kang rayi anor turira ||

--- 10 : 37 ---

9. Sumanggèng karsa kang mugi | nuwun anut ing papakon | jrih apti priyangga langkung nuwun | darmi anglampahi | Jèngrêsmi lon ngandika | iya bênêr aturira ||

10. Nanging tan mangkono yayi | mungguh babing wong jêjodhon | datan kêna liyaning angrêmbug | kêncênge pribadi | kang nyandhing lan kang nyandhang | yêktine anèng ing sira ||

11. Kang rayi umatur aris | inggih katilar kemawon | yèn parêng paduka inggih luhung | tumuntên lumaris | umangkat benjing-enjing | kawula datan sumêlang ||

12. Kang raka ngandika aris | iku ta ora mangkono | lèh pratingkah rucah nora wurung | sinêbut tan bêcik | bêcike sinarèhna | têka ing sapêndhak dina ||

13. Yèn ana karêpirèki | wong tuwane lanang wadon | nyalamêti anak amajêmuk | lan anake sami | dimèn padha katêkan | nutug sawataranira ||

14. Yèn duga tyas-ngong pribadi | pupusên rèh wus katêmpoh | pan wus wajibira aywa kantun | gawanên amulih | marang ing Wanamarta | sarwa ora-a kuciwa ||

15. Dhasar rupane prayogi | bèbèt bobote atabon | abandha santana-santana gung | trah-trahing priyayi | santana Pranagara | bêndhèyoting (ng)Galèk-wulan ||

16. Kalawan paman Ngabèi | Kidang Wiracapa dhompol | maksih nunggal êmbah krabatipun | Pranagara sami | padha turun Bathara | wijil-wijiling awirya ||

17. Mulane ingsun ngrêmbugi | manawa ginawa ngalor | kadipundi paman alon muwus | Ki Kulawiryèki | iya langkung prayoga | yèn kasambadan arinta ||

18. Priye anakmas Jèngragi | karsanira kang sayêktos | kang putra turira yêktinipun | pakèwêd ing ati | manawi dados dardah | putranta kang anèng wisma ||

19. Katur rakanta (n)Jêng Kyai | kawula têmah binêndon | tan wande ingaran wèng-wèng tuduh | sangêt kawula jrih | latah Ki Kulawirya | adhuh ya sun wis kaduga ||

--- 10 : 38 ---

20. Mangkene bae ing pikir | yèn arsa mangkat kemawon | sira pitêmbunga mring kang sêpuh | asanggupa bali | pinapak kang prayoga | caraning ngundhuh pangantyan ||

21. Jèngrêsmi nambungi aris | kawula datan rumojong | sabab karya dora kang satuhu | galating pa angling | dede caraning tama | akarya cidrèng sasama ||

22. Kang kapanggih rêmbugnèki | jênggan pasaja kemawon | andugèkkên ing lampah inggih lamun | pinarênging takdir | mugi-mugi wagêda | umampir panggih putranta ||

23. Yèn tan pinarêng ing takdir | inggih sumendhe Hyang Manon | dèrèng kaparêngan untungipun | samya mujèng Widdhi | arjanira ing lampah | mugi dumugi ing karsa ||

24. Wus dadya rêmbaging pikir | Ki Jayèngraga wus sagoh | Wirabajra prapta alon matur | pra ngawirya katri | paduka ingaturan | mring pamanta nèng pandhapa ||

25. Wus kèrid ing lampahnèki | maksih wong ingkang ambagor | pupute tanggungan tutugipun | yata kang alinggih | Jèngraga Kulawirya | mèh karsa jurudêmungan ||

606. Jurudêmung

1. Kae Kidang Wiracapa | nèng paningrat dènnya lungguh | lan kadang sawarganipun | myang besan Mas Wirancana | sakadang sêntananipun | Jayèngrêsmi Jayèngraga | lawan Ki Kulawiryèku ||

2. Parèstri anèng jarambah | Ni Widaryati anuduh | naoskên dhaharipun |Kurang satu suku kata: naoskên dhadharanipun. ladosan enjing-enjingan | ulam rampadan myang bucu | saput prantining adhahar | myang jajanan kang winungkus ||

3. Samakta anèng jarambah | Widaryati anèng ngayun | matur ing raka yèn sampun | ing pundi ingkang kinarsan | adhahar panggènannipun | ngling Ke Kidang Wiracapa | ing jro bae bêcikipun ||

--- 10 : 39 ---

4. Nèng (n)jaba sompok cawingah | tan bêcik bukti kadalu | kang garwa alon umatur | sumangga punapa karsa | paran sadaya wus ramut | Ke Kidang Wiracapa jar | nyarani sadayanipun ||

5. Suwawi sami malèmbang | maring wisma pênèdipun | kang samya sinung ling matur | sumangga punapa karsa | kèrid mring wisma sadarum | JèngrapaJèngraga. sang pinangantyan | lan kang garwa jajaripun ||

6. Ke Kidang lon angandika | lah Widaryati sirèku | kêmbula lan nakirèku | (m)bok Bèi Prawirancana | lan pra wadon dhi-adhimu | kabèh nakmu (ng)Galèkwulan | kêmbula sami akêpung ||

7. Kang liningan tan lênggana | sadaya sami tuturuh | gya lêkas nadhah sadarum | Ni Widuri lan kang raka | Jayèngraga dènnya kêmbul | kadya mimi lan mintuna | samya sih siniyanipun ||

8. Pan kantun panadhahira | Ke Kidang Wiracapèku | ngandika mring arinipun | e e ya bênêr kèlingan | Nuripin lan kang Pangulu | Asradênta timbalana | jak mangan kene dèn-gupuh ||

9. Ki Wirabajra gya prentah | kinèn nimbali pangulu | tan antara praptanipun | Nuripin lan Asradênta | Ki Dêmang angling gumuyu | mara banjura kewala | wisuh abacuta kêmbul ||

10. Agupuh ingkang liningan | Nuripin mangan athêkul | kêpêle gêdhe krêp muluk | ginuyu ring Kulawirya | caplag-caplug nora runtuh | ngling hêng niki prandènnira | taksih sangêt kawonipun ||

11. Lan kang Ngulu Asradênta | puluk pintên kathahipun | ing mangke kantênanipun | Ki Wirya aris amojar | wus nekat bae sirèku | sadaya kang sami myarsa | mring Nuripin angguguyu ||

12. Guyune nora ngartika | mung gumuyu dènnya muluk | calêputan lir wong ngêrbut§ Prayoginipun / ngrêbut /. | yata kang samya anadhah | pikantuk antara tutug | samya wanting wiwijikan | luwar dènnira akêmbul ||

13. Ki Pangulu Asradênta | wuse luwaran sadarum | dhuwêt§ Prayoginipun / juwêt /. prigêl anjupuk |Kurang satu suku kata: dhuwêt parigêl anjupuk. kacune amba binabar | dèn-amrih ambêrkat sêkul | Asradênta kadumêlan | sarwi ulate malêruk ||

--- 10 : 40 ---

14. Ambakna mangan tan kaprah | iwake kang enak gêmpur | apa tan (n)dalinding murus | wêtênge iku kaya pa | Nuripin nauri nyamuk | sarwi ngêmil (ng)gadho iwak | lah apa ta kang pangulu ||

15. Jarku apa-dene nyata | ngêlar jajahaning kacu | ngrupak jajahaning bumbu | Sradênta angoso mojar | kèh têmên parikanipun | kongsi tan dhêngêr satuma | nora kaop wong abusuk ||

16. Ingong wong tan talatènan | mulya ambundhêli kacu | gêr ginuyu wong sadarum | pangulu mulih ambêkta | bêrkate sakacu munjung | santri Nuripin alatah | kang pangulu jarene busuk ||Lebih satu suku kata: kang pangulu jare busuk.

17. Wong pintêre kalintêran | angingkut rampadan bucu | saya rame kang gumuyu | Kae Kidang Wiracapa | kalangkung suka tyasipun | myating Ripin Asradênta | ginujêng winoran wuwus ||

18. Ya ta lah si Asradênta | lèh tandhing dènnya kakancuh | têmua padha pangulu | Basarodin iba-iba | condhonge paguywanipun | sun-mulat si Asradênta | eling kancane si Bawuk ||

19. Kèngêtan kakang Rundaya | têkone bisa mèt kalbu | èsêman tan watak rêngu | kabuka lungiding driya | sinojar rowangnya dangu | kaladuk maksih nonoman | kanthinira angguguru ||

607. Kinanthi

1. Wusira samya tuturuh | kang samya kêkêmbul bukti | ambêngnya wus cinarikan | sinungkên marang pamburi | waradin jalwèstri ngandhap | nulya dhadharan mangarsi ||

2. Sangkêpnya nyamikanipun | wowohan kang adi-adi | miwah kang olah-olahan | mawarna-warna mênuhi | Kae Kidang Wiracapa | nyarakkên dhaharanèki ||

3. Wawi dhaharan wong nganggur | sasambèn pangusap amis | ingkang liningan nor-raga | angalap sasênêngnèki | Kidang Wiracapa mojar | mring Dêmang Wirancanèki ||

--- 10 : 41 ---

4. Ing mangke sutanirèku | wayah kula ni Widuri | wus panggih lan Jayèngraga | tan ana winalang-galih | atut dènnya palakrama | punapa sakadarnèki ||

5. Yèn arsa angunduhangundhuh. mantu | yèn wontên panadarnèki | sakarsanta nakmas dêmang | kula jumurung ing kapti | Wirancana aturira | marang kang paman Ngabei ||

6. Lamun pinarêng ing kayun | putranta kalihe sami | kaundhuh mring (ng)Galèk-wulan | sakadar kula nglujêngi | supaya samya uninga | sanakipun agêng alit ||

7. Manawi sagêd anuduh | sung uning ing Pranaragi | kilap kathah kêdhikira | manawi wontên kang prapti | inggih ing dalêm sapasar | pangundhuh kula pangantin ||

8. Ke Kidang Wiracapèku | ngling mring putra Jayèngrêsmi | anak puniku karsanya | rakanta Wirancanèki | sakadare milu nadar | sakadare rèhning siwi ||

9. Jèngrêsmi alon umatur | inggih kadipundi malih | wratipun rèh ing susuta | sawiji amangun krami | botên maibên ing karsa | nging atur kawula kêdhik ||

10. Sarèhning lampah kawlas-yun | nglampahi têdah sudarmi | ngalaya wana wulusan | ngupaya kadang lana nis | kasrakat samarga-marga | labêt kingkining sudarmi ||

11. Ing mangkya têmahanipun | putranta Ki Jayèngragi | sumêne nèng Lêmbuasta | paguting among akrami | saking gung bêrkah paduka | datan sagêd amangsuli ||

12. Panuwun-kula anêngguh | krana lah-ipun kang ngèlmi | lamun nêlaskên ing karsa | tan ana têlasirèki | nuwun pupusên narima | kawula tanta mêndhiri ||

13. Karya wèng-wèng ing pituduh | manawi kita amanggih | halade sudarma ngarang | dadya tan minulyèng dhiri | pintên banggènipun benjang | kawula nêlaskên kapti ||

14. Ing mangke kawula nuwun | yèn parêng kakang Ngabèi | putranta sakaliyan |Kurang satu suku kata: de putranta sakaliyan. ywa kongsi lèngsèr sing ngriki | wontêna karsaning kakang | Ngabèi Wirancanèki ||

--- 10 : 42 ---

15. Sumangga sakarsanipun | ngriki kewala prayogi | cêkap sakadare kakang | pikantuk kalih prakawis | asimpên dhatêng kawula | kajad sidêkah dumugi ||

16. Ke Kidang Wiracapèku | Mas Dêmang Wirancanèki | kèndêl ka-awêran sabda | Ke Kidang Wiracapa ngling | punika anakmas Dêmang | karsane anak Jèngragi ||

17. Yèn kongsia sugun-sugun | angundhuh mantunirèki | binêkta mring (ng)Galèk wulan | tan parêng amungna ugi | sidhangsiring mrih paedah | sami cêkapipun ugi ||

18. Pinikir sapênêdipun | ywa suwala ing panggalih | karsane rinta anakmas | sakèdah tan amangêni | kewala nèng Lêmbuasta | sakayun anak Ngabèi ||

19. Mas Wirancana umatur | inggih kalangkung prayogi | sakarsa-karsa yayimas | kawula sampun dumêling | saraosing pangandika | -nipun yayi Jayèngrêsmi ||

20. Yèn makatên pênêdipun | kawula anuwun pamit | lajêng badhudhak kewala | anèng ing Lêmbuastèki | tan mantuk ing (ng)Galèk wulan | sami ing Lêmbuastèki ||

21. Ke Kidang Wiracapèku | gumujêng awuwus aris | asukur anakmas Dêmang | ing galih suka basuki | tan pae ing (ng)Galèk wulan | lawan ing Lêmbuastèki ||

22. Punapa sakarsanipun | ramèn sasêmbèn pan dadi | kawula lumah sumarah | sumangga anak Ngabèi | yèn karsa mangun kasukan | nèng Lêmbuasta prayogi ||

23. Mas Dêmang Wirancanèku | gumuyu turira aris | lamun kawula kalilan | sakayun-kayun ing ngriki | anyipta sami kewala | ing ngrika lawan ing ngriki ||

24. Anulya nolèh ing pungkur | mring kadang miwah para ri | sarwi alon angandika | sira Mancanapurèki | kalawan Singabancana | Wisancana Wiryanjani ||

25. Lan Mangunjana sirèku | padha muliya mring (ng)Galik | ruktia rumating karya | pawong sanak batur-mami | saluwaking (ng)Galèk wulan | mangsa-bodhoa sirèki ||

--- 10 : 43 ---

26. Galondhong pangarêngipun | apa sangkuling pakarti | têkakna ing Lêmbuasta | manirarsa mangun-kardi | ya ing dalêm pitung dina | ywa kongsi kantu ing kardi ||

27. Lan sira angsunga wêruh | marang kitha Pranaragi | sanak-sanak kang nom tuwa | manawa arsa udani | gawene palunanirapulunanira. | anèng ing Lêmbuastaki ||

28. Nuduha bae kang mungguh | mring wong kutha angsung tulis | ywa cotho karyanta matah | pangrèhmu barang wong cilik | lamun wus samya samakta | angkatna marene nuli ||

29. Srahna mring pamanirèku | Wirabajra sadayèki | tuwin ring (m)bakayunira | patute kang maring èstri | gawanên gamêlaning-wang | pelog lawan carabali ||

30. Iya sawiyaganipunsaniyaganipun. | yèn ana kalalèn mami | rampunga ing sira padha | umatur kang para ari | inggih anuwun sandika | kula kaangkah pribadi ||

31. Sigra samya nêmbah mundur | (m)bok Wirancana ngling aris | mêngko ta Mancanapura | mrenea ingsun mamêling | patanènne pulunanta | saisine sadayayèki ||Lebih satu suku kata: saisine sadayèki.

32. Duwèke pribadinipun | anakira Ni Widuri | usungên mrene sadaya | anèng pêthi bae aglis | pêthiku kalima giwang | lan prabot pawon ywa kari ||

33. Wong lanang wadon sadarum | kang bakal anambut-kardi | lan kang kari tunggu wisma | gilira ing sabên-ari | dene kang bisa lah-olah | kon tugur ana ing ngriki ||

34. Yèn ana kuranganaku | mangsa bodhoa sirèki | amatur Mancanapura | inggih sampun walang-galih | punapa sampun rampunga | (m)bakayu pitungkasnèki ||

35. (m)Bokmas Wirancana muwus | pènjèn barsiyan ywa kari | karana ngêring wisma |Kurang satu suku kata: karana ingêring wisma. lan apa manèh kang kari | lah ya wis sira mangkata | sigra lèngsèr saking ngarsi ||

36. Samya kakapalan mamprung | kang sami lancaran mulih | yata kang kari alênggah | Ke Kidang Wiracapèki | ngandika mring Wirabajra | wong abagor iku mèh wis ||

--- 10 : 44 ---

37. Hèh Wirabajra sirèku | ngundanga dhalang kalithik | si Mênthak apa nèng wisma | kang rayi amatur aris | inggih wontên pagamêlan | tumut nabuh dangunèki ||

38. Lah konên mundhut dèn-gupuh | kothak gawangane nuli | mêngko bubaring topèngan | banjur trêp gawanganèki | ywa kasuwèn kantunira | enggal lêkasa ngalithik ||

39. Ingkang liningan agupuh | gya panggih dhalang kalithik | dhinawuhan kinèn mayang | Mênthak tur sandika nuli | ngambil pakothakanira | tan adangu nulya prapti ||

40. Wau kang ambagor tapuk | praptèng wawêkasanèki | gêndhing manyura Prit-cowang | Ki Nayakênthi ngêthakingêpraki. | suwuk gya muni kêrêpan | wong nonton bubaran mulih ||

41. Ing wanci surya sadhawuh | nuli trap gawangan ringgit | tinilam sri sinampiran | ing wastra kêling mawarni | cindhe tigasan sabunan | lan polos solok palangi ||

42. Samboja kalawan pêlung | mbutan limur caculin |Kurang satu suku kata: ambutan limur caculin. wus rumat amajang-giwang | dhalang gya amanggung ringgit | pra bagor pasrah busana | Wirabajra kang nampèni ||

43. Tiniti jangkêping etung | ngaturkên ing Widaryati | tinampan sadayanira | sigra kinèn angisisi | Kae Kidang Wiracapa | nimbali Ki Nayakênthi ||

44. Kang tinimbalan agupuh | mrih cêdhake ngambil picis | tan dangu katuring ngarsa | pinundhut marang ngabèi | lah wang iki Wirabajra | paringna si Nayakênthi ||

45. Nulya pinaringkên gupuh | matur nuwun Nayakênthi | Jèngraga nambung wacana | hèh sira Ki Nayakênthi | si Wukir lawan si Laba | yèn wus aso olèh guling ||

46. Nuli kon bali malêbu | umatur Ki Nayakênthi | sandika lèngsèring ngarsa | dhinawuhan kang tinuding | kalihe matur sandika | nulya pinaringan bukti ||

47. Lawan saniyaganipun | ingingonan sadayeki | warata tan ana kurang | warêg-warêg malah luwih | akathah ingkang binarkat | luwaran kabèh kang bukti ||

--- 10 : 45 ---

48. Pra bagor luwaran mêtu | kang ngirit Ki Nayakênthi | myang kang nonton mèlu bubar | samya ngrubung Laba Wukir | wong tuwa randha wulanjar | parawan myang rare alit ||

49. Si biyang tumut ngarubung | ngurung-urung Laba Wukir | baya bangêt sira sayah | ting carêluk Laba Wukir | kanan kering wuri ngarsa | hèh si Laba hèh si Wukir ||

50. Kèh wèwèh kambi lumaku | mring Laba lawan si Wukir | ting jarawil sêm-èsêman | mrih ngalap Laba lan Wukir | kongsi linut marang wisma | yata kang amanggung ringgit ||

51. Gya talu kêrêpan cêngkung | anggantêr kêmpulirèki | wus antara talunira | kêndhange ngaplak nyalahi | wus suwuk patalunira | Ke Kidang Wiracapèki ||

52. Alon dènnira amuwus | hèh sira Wirabajrèki | dhalange cothèk si Mênthak | nuli kon lêkas ngalithik | lêlakone Damarwulan | nulya dhinawuhan aglis ||

53. Umatur sandika gupuh | Ki Mênthak nulya ngêthakingêpraki. | gêndhing Kabor kang minulya | pangarêp gêndèr lan suling | nora nganggo gambang rêbab | wus carane wong ngarucil ||

54. Kalangkung asri dinulu | tontonane kang muryani | adi-adining tanggapan | tan kadya wayang Karucil | tinimbang lan wayang Purwa | maksih alangên karucil ||

55. Jêjêre ingkang cinatur | Prabu-kênya Majapahit | Ki Mênthak lungguh andhangak | leyangan kothak ngêthêki | angêrêpakên gamêlan | amungguh panjaturnèki ||

56. Carita jêjêring ratu | karta-kartining nagari | myang panjang-punjunganira | tan wus ujaring Kalithik | Kae Kidang Wiracapa | ngandika mring Jayèngrêsmi ||

57. Lan maring Kulawiryèku | anakmas Ki Jayèngragi | sami-sami tatanggapan | yèn pinrih raosing ringgit | kaot lawan ringgit crêma | lilaban raosing ngèlmi ||

58. Miwah jawi lêbêtipun | nging tan ilang namanèki | wayang lawan wawayangan | pulas lan têgêsing ringgit | tan kadi wayang conthèkan | Krucil binêcik agampil ||

--- 10 : 46 ---

59. Jèngrêsmi mèsêm tumungkul | Ki Kulawirya ngangsêgi | sadaya samya nor-raga | Asradênta lan Nuripin | myang Ke Dêmang Wirancana | anêsêg dènnira linggih ||

60. Jayèngrêsmi lon umatur | liripun kadi-punêndi | Ki Wuragil nambung sabda | inggih paduka jarwani | Ke Kidang Wiracapa jar | lah ênggèh adhi Wuragil ||

61. Kang kinarya wayang-kayu | mila ran wayang karucil | têgêse cêthèk ngalela | bangsa karucil pan cilik | dene tanggaping wibawa | tanggaping kawula alit ||

62. Krana tan mawi sisiku | wisma tan ana winingit | malah lumaku katona | duwèke jroning wismeki | sabab amêdhar kêkêran | tan warana aling-aling ||

63. Yèn mungguh dhauping ngèlmu | kakekat makripat nênggih | angegla pangèglèhira | tan pae (n)jaba jronèki | pangulataning Hyang Suksma | angganya angayu-aking ||

64. Ngalithik wayang awuyung | tan kêlir saraking Nabi | akêlir jagad gumawang | nora liyangan pra siddhi | angêkakakên priyangga | tan anggayuh Maha Sukci ||

65. Nucèkkên ing dhawakipun | panglelanira Hyang Widdhi | tan papeka ing pangegla | sêmune kayu ngrakêti | sipate kayu tulbêla | rokin pikadimbi bakin ||

66. Puniku pasêmonipun | kakekat kang muslim suci | Ki Kulawirya alatah | nora jamak kang ngabèi | wus nora kewuhan murat | barkat ngulama priyayi ||

67. Nuripin sru nêngan muwus | kang Sradênta wontên angling | bab ningali wong andhalang | pan ilang amalirèki | kawandasa ri lamanya | ujare kang sami modin ||

68. Nak dhalang lan anak kaum | nak dhalang dèn popoyoki | tutur mring bapakne dhalang | ki dhalang ayun pinanggih | apan kang aduwe ujar | anulya samya papanggih ||

69. Ki dhalang lawan ki kaum | kaume adrêng ngaranni | sadhengah wong nonton wayang | nir ngamale patpuluh ri | ki dhalang nauri ujar | witning wong tan nonton ringgit ||

--- 10 : 47 ---

70. Nir ngamale sajêgipun | tan ana wangênanèki | puniku kang Asradênta | liripun kadipunêndi | ki Asradênta anjola | ngling wikana tan udani ||

71. Dandanan pancèn wong cubluk | kang botên-botên ingangling | Kae Kidang Wiracapa | ngling paron ko(k) wuwus Ripin | Ki Nuripin wuwusira | gumuyu Kulawiryèki ||

72. Hi hi Nuripin umatur | calak cêmplak anyunyulik | madêr pèthèk mudhik dhawak | Ki Kidang Wiracapa ngling | pan sarwi gumujêng suka | dhi Ragil lêrês pun Ripin ||

73. Botên wontên sikunipun | tiyang takabuling ngèlmi | barkat santri Wanamarta | gumêgêg rasaning ati | ambakna jar balasaran | anggathok pilih kang uning ||

74. Tan anèng (ng)gonning pangulu | kang sira takokke Ripin | ênggonne nèng santri moyang | kang wuyung marang Hyang Widdhi | manira duga kewala | kang sira ucap Nuripin ||

75. Wong anom wajib (ng)guguru | ing ngèlmu kang lukak-lukik | mrih mustakiking Pangeran | mangkene kiraku Ripin | wong anyêgah nonton wayang | nir imane sajêgnèki ||

76. Tanpa dadi ngamalipun | sabab imane wus ênting | bêtèke anonton wayang | kêdah wruh cêrma lan cêrmin | Ki kulawiryaKulawirya. alatah | myarsa mojare ngabèi ||

77. Kang myat sadaya andhêku | Ke Kidang Wiracapa ngling | puniku dhi Kulawirya | sasurupane kang ngèlmi | pêrlune anonton wayang | kêdah wruh cêrma lan cêrmin ||

78. Cêrmin sucining Hyang Agung | gaib langgênge pribadi | lambar jatining manungsa | sarupa lan rupanèki | hakiki tigang prakara | Allah Rasul Muhamadi ||

79. Tri prakara pan wus suhul | dhadhalang myang Maha Sukci | Rasul kang anonton wayang | Mukhamad kang anèng kêlir | solah bawaning ki dhalang | suhuling dhalang Mah Sukci ||

--- 10 : 48 ---

80. Suhule ingkang andulu | mring dhadhalang saha ringgit | ki dhalang karya kaulan | ing dalêm sawiji ringgit | tinimbuh saking pangaksa | mulyane ringgit ing nèksi ||§ Prayoginipun / ingèksi /.

81. Mulyane Jêng Mukhamaddun | kalawan rasullilahi | wus tan kêna pinaeka | sabitah wabin kabinil | sawêg awagan kewala | langkung manjade pribadi ||

82. Lungiding graitèng kalbu | kabuka kabuling ngèlmi | bedane wong nonton wayang | nir ngamal patpuluh ari | punika gagapan kula | dhi Ragil Kulawiryèki ||

83. Yèn datan pisan andalu | ing cêrmin wayang mahsukci | dadya nimpanging graita | tan manjad maring kajatin | andêlêng cêrma walulang | gudèl gudhig kang pinilih ||

84. Kinarya wayang binagus | pinarada cinampurit | carita Buda kinandha | marono paraning ati | iya patangpuluh dina | ngamale kang nora dadi ||

85. Puniku ingkang andalu | makatên halading Kadis | kang tan kudu dêlêng wayang | Mukhamad Rasullolahi | yêkti cêpak imanira | ing donya prapta ing akir ||

86. Ke Kidang sarwi gumuyu | apa mangkono Nuripin | umatur ingkang liningan | duga dalêm tan udani | Kae Kidang angandika | ya gajêg mangkono Ripin ||

87. Tuturing si Genjongwaru | -dhoyong kang tutur ing kami | Ki Kulawirya alatah | gêr ginuyu sadayeki | ngling malih dhi Kulawirya | mungguh panglêpasing budi ||

88. Tan kenging kinaryèng kayun | yumananing ati sukci | dhaupe kalawan mangsa | palêthèk wijiling wiji | alambar lawan nugraha | mijil kalawan pribadi ||

89. Nanging ta datan tartamtu | kang bisa marang kajatin | namung kewala surupa | tinimbang lan tan udani | sadaya-daya canthèla | tan cuthêl kawruhing ngèlmi ||

--- 10 : 49 ---

90. Tan wontên kang bisa matur | wau Ni Rara Widuri | dangu kang sami rarasan | datan pinirsa samênir | tansah sasmita ing priya | iriban liringan liring ||

91. Jênthik nguthik-uthik pupu | pupule nèng tilamsari | amajijing sêkar sêdhah | sarta ngombe andalidir | netra rêmu kaca-kaca | mêjên dènnya wulangan sih ||

92. Jèngraga patute kidhung | tan pati tanggaping liring | Kae Kidang Wiracapa | uning kasuwênging pikir | mèsêm sinamun wacana | lan kang putra Jayèngrêsmi ||

93. Prayogi samiya maklum | mring arinta Jayèngragi | radi kasupèn ing mangsa | kaecan kojahe Ripin | kabèh mèsêm linèjêman | Kidang Wiracapa angling ||

94. Lah suwawi anakbagus | kalihe sang pinangantin | rèrèh anèng pagulingan | mèsêm umatur Jèngragi | lah inggih mangke kewala | sawêg myarsa mirat ngèlmi ||

95. Ki Wiracapa gumuyu | angling sarat mangke malih | kula sadaya alinggar | marang ing paningrat linggih | Ni Widuri sumarawang | tuntung lungiding abranti ||

96. Jèngraga mèsêm ngalap hyun | Rara Widuri kinanthi | tumama ring pagêbêran | pêdhak èstri nangkêp samir | kang kulinèng pakasutan | samya sêdhêngiing mangun-sih ||Lebih satu suku kata: samya sêdhênging mangun-sih.

97. Kang rayi nulya sinambut | rinungrum ingarih-arih | lir bramara nguswa sêkar | mangungsir maduning sari | mring sêkar tangkêping padma | kakung mrih adrênging rêsmi ||

98. Dyah mèsêm wastra kalungsur | ngalela wêntise kalih | andrawila maya-maya | ingawêran otot wilis | kadya gadhing rinampêlas | kakunge sangsaya ngudi ||

99. Ni rara kamêndir ing hyun | (ng)garonjal nêngkah jaja ngling | angêsah-êsah sêsambat | tênagane nyanyamari | kawula dèrèng kuwawa | kang antèr kewala ugi ||

100. Jèngraga mèsêm lêbda rum | tan bisa sarèh ngong yayi | saking byat mulat warnanta | tan saranta ing pangamrih | lir tan wruh sarasaning dyah | kaswaswa sruning sirèki ||

--- 10 : 50 ---

101. Dene manisira masku | gawe baliwur tar ririh | pan sarwi amriyêmbada | pinolah apongah-pangih | komêt binaut asmara | marapuhira maripih ||

102. Tan kapalang pulanging hyun | tinimpang tan têping titih | tètèh pinatuh ing priya | anggrus surasaning ati | lir pendah dhêmpo kinumba | parêng puk-pyurira kalih ||

103. Antara rapuhira wus | luwaran kang andon rêsmi | kang rayi binêkta marang | pahèran samya susuci | nuli maring pagêdhongan | busana salin wastra di ||

104. Pinantês panganggenipun | wau Ni Rara Widuri | ing sinjang cindhe puspita | tigas sabuk dhasar wilis | kasmêkan nglungjiwa bang |Kurang satu suku kata: kasêmêkan nglungjiwa bang. pinrêmas Kumudawati ||

105. Gêlung sêdhêng pinapatut | lulungsèn madya tinitih | capaka lawan ronnira | kalpika intên mirah brit | Jèngraga nyamping berawan | paningsêt cindhe bara sri ||

106. Sarta agêgombyok dhuwung | kalpika rukmi galigin | wida jênar gagêbêgan | Ni Widuri kang ngladèni | sawuse samya busana | Jèngraga arsa mring (n)jawi ||

107. Rara Widuri tan payun | ambondhèt marang ing laki | tan kawasa sah saknatya | drêng lumêkêting tilamrik | Jèngraga datan lênggana | kinanthi Rara Widuri ||

108. Tumama maring tilam-rum | anutug pasiyaning sih | kalihe nora kuciwa | dhasare Rara Widuri | kênya birai katuwan | katêmbèn rarasing rêsmi ||

109. Ni rara upaminipun | lir lapa amanggih bukti | purwaning karsa angangah | tan êngah mahyun ngarêsmi | mring ratri rinambah siyang | tan wus andudukwuluhi ||