Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

608. MêgatruhTeks asli: Dudukwuluh.

1. Tan winuwus kang andon asmara lulut | nêlaskên langêning rêsmi | yata kang samya alungguh | Ke Kidang Wiracapèki | wibawanira katongton ||

--- 10 : 51 ---

2. Pan tinarap sakathahing anak putu | santana myang magêrsari | Ke Kidang Wiracapèku | talêre tuwa pribadi | kabèh wong Trênggalèk kono ||

3. Awu ngakang tuwa maman ngaki buyut | mila sadaya samya jrih | ambêg ambandara guru | Ke Kidang Wiracapèki | angling mring Wirabajra lon ||

4. Sanak-sanak kang jagong paran sih lungguh | atata wus padha mulih | Ki Wirabajra umatur | inggih dèrèng wontên mulih | samya rèrèh ngaso-aso ||

5. Kae Kidang Wiracapa lon amuwus | nak Wirancana Ngabèi | sun-parnah panggènannipun | nèng gandhok wetan prayogi | manira nèng gandhok kulon ||

6. Kang liningan tan lênggana matur nuwun | ngling malih mring Jayèngragi§ Prayoginipun / Jayèngrêsmi /. | lamun pinarêng ing kayun | anakmas lan adhi Ragil | anèng wisma gung kemawon ||

7. Panggêdhongan kilèn wus miranti iku | kang putra umatur aris | amba kewala nèng tajug | ajênêk tan mutawatir | kawula nuwun nèng suro ||

8. Lah dhi Ragil bae nènga (n)dalêm agung | nèng gêdhong kilèn (n)dhèwèki | Ki Kulawirya gumuyu | yèn parêng kakang Ngabèi | nèng (n)jawi wisma kemawon ||

9. Panggêdhongan kilèn wisma griya kampung | kakang kang kula ênggènni | Ke Ngabèi alon muwus | inggih sumangga dhi Ragil | nulya kang rayi tinudoh ||

10. Wirabajra omahe gamêl kang kidul | rêsikana kang abêcik | wèhana pandhapa kampung | patutên kang sarwa rêsik | gêbêrên kobong paturon ||

11. Dèn-samêkta uwisna bakdane Luhur | kang liningan sandika glis | nuduh mring wong baturipun | nora kèthèr traping kardi | tan ucapkên nulya dados ||

--- 10 : 52 ---

12. Kae Kidang Wiracapa alon muwus | dhi Ragil Kulawiryèki | mungguh ngagêsang puniku | ganjaran titahing urip | rong prakara pênêd awon ||

13. Kamurahanira Hyang Kang Maha Luhur | ginanjarkên manungsèki | dhi Ragil sasaminipun | topèng sakêpêk lirèki | linênggorke wong sawiyos ||

14. Awon pênêd wasesa pamilihipun | kêdhok bapang miwah panji | yêkti beda solahipun | jogède sawiji-wiji | ana ruruh ana lonyo ||

15. Apan anut tatapuk panjogèdipun | jogèd-jogèding aurip | ati kang minangka tapuk | punapi karêping ati | yèn ati kudu angêdhok ||

16. Pasthi sarwa awon solahing tumuwuh | yèn têlatèn têkèng pati | sabab dhêmêne ginuyu | wus tan duwe malih-malih | wus karêmane angregol ||

17. Lan malihe tapuk Panji kang abagus | jogède angrêspatèni | saprabotira linuhung | akèh kasmaran kapengin | mring kang manji bagus anom ||

18. Kang puniku kabênêr pamilihipun | abagus putusing budi | wêkasane dadi ratu | beda budine ngacumbrik | dhêmênane dadi kêdhok ||

19. Kulawirya alatah dènnya gumuyu | nora jamak kang ngabèi | (ng)gledhahi rasa winuwus | tan ana lirwa samênir | kabênêran kabèh mencok ||

20. Jayèngrêsmi umèsêm anor tumungkul | kaduga raosing ngèlmi | tan sulaya surupipun | Ki Kulawirya ngling malih | kakang kawula tatakon ||

21. Nuwun maklum bangsa crêmêd bangsa saru | wontên kaol mutawatir | yèn wontên tiyang andaluandulu. | marang prêjining pawèstri | mupangat utawi anon ||

22. Pan sinami sawiji tangat ing dalu | malah-malah anglangkungi | paedah ganjaranipun | wong kang aningali prêji | asor wong donga andongo ||

--- 10 : 53 ---

23. Kadipundi liripun basa puniku | anuwun jarwa sayêkti | Ke Kidang Wiracapèku | kang punika adhi Ragil | solahing wong kang kinaot ||

24. Inggih yêkti gêng pedahe kang puniku | yèn sagêd aningkêp budi | ngilangakên melikipun | ahlining wong wus otati(?) | lamun aningali gêmbok ||

25. Tênangsubbe blas lawan suruping ngèlmu | ningali rupaning pêrji | asli bangsa jaman iku | arupa kulit lan daging | kaelokaning Hyang Manon ||

26. Kita punika tan liyan saking ngriku | pintên longgaring kang kori | tan mantra-mantra yèn mungguh | dadi dadalaning jalmi | dene ta kaya mangkono ||

27. Panrimaning cipta ngundhaki têpakur | -rira maring ing Hyang Widdhi | malah titahing Aluhung | ngupaya wong ayu kiningkuning. | ingkang bêsus mèngdrong-mèndrong ||mèndrong-mèndrong.

28. Yèn katêmu dhewe anujoni turu | kapati dènnira guling | liningkap tapihirèku | dèn-kongsi nglela kaèksi | winêngkang pupune karo ||

29. Amrih lêga bisa ngênani kadalukadulu. | (n)jaba jro sawêngkonèki | supaya tamat dinulu | anulya dipun-dhodhoki | kakung anglukar wastra lon ||

30. Warastrane cinêlakkên mrih tumanduk | nging datan anggêpok pêrji | antarane patang nyantun | kongsi kangêtèn bêtèking | kasumukaning gagêmbok ||

31. Suprandene warastranira anglèlur | tanpa krêkat anglawani | wong lanang dènnya angadu | duwèke kalawan pêrji | kewala mungkrêt anglèntroh ||

32. Sabab dene amuntu murwaning kalbu | kabuka kabuling budi | tan sakuthu maring kuthuh | angèsthi trusthaning ati | cinoba nora kèledhon ||

33. Angênêngkên pungkur tapakuring kalbu | dènnya myat pêrjining èstri | padha lawan kayu watu | gatraning prana kaèksi | kadya lènging orong-orong ||

--- 10 : 54 ---

34. Namung pangêlênging budi marang ngèlmu | kang rungsit wingit awêrit | angèl-angèling pandulu | datan kadi dalan Dalil | luput tanggape katlangson ||

35. Yèn katlangso murungakên barang jinum | puniku kang tan ngobêri | narik kèksining pandalupandulu. | ing dalêm donya puniki | cinipta nora kinaot ||

36. Kang makatên dhi Ragil kandhanganipun | tekade ahli otadiotati (seperti bait 24). | sing samba ing tumuwuh |Kurang satu suku kata: sing samba ingkang tumuwuh. kang sarwa lon dèn-karêmi | kang wus tibambêg mangkono ||

37. Paedahe sami lan tangat ing dalu | ngibadah elok pangèksi | batal karam sinakuthu | amangeran kupur kapir | suci sajroning carobo ||

38. Tan sêdya wong winongwong nora angingus | pan wus ajamak pribadi | yèn wontên tiyang kadyèku | kang dika catur anênggih | puniku kiyase kaos ||

39. Kulawirya agèdhèg sarwi gumuyu | anandhês têmên kang bèi | tan ana nimpang satêngu | sarwi sasmita Jèngrêsmi | kang putra mèsêm nor lunggoh ||

40. Anauri paman pan inggih saèstu | tan wontên kuciwèng ngèlmi | sampurnaning pasang surup | pamuwuse Jêng Kiyai | putus salire pakewoh ||

41. Datan wontên kang ribêt murading ngèlmu | sarwa jayarjajar. ngalêjari | ing manah mêndhak atungtum | kapèncut sagêd nglampahi | kang kadya kang elok-elok ||

42. Anauri Ki Ragil Kulawiryèku | ya ta lah kakang ngabèi | amadhangkên ing balilu | pamudhare murêd gampil | pamucunge nora elok ||

609. PocungTeks asli: Pucung.

1. Ya ta wau kang sami gunêman ngèlmu | siyang wancinira | têngange mèh bêdhug nênggih | kaeKae. Kidang Wiracapa lon ngandika ||

--- 10 : 55 ---

2. Hèh sirèku Wirabajra dènnya gupuh | sêdhêng mamadhangan | barênga ngingon-ingoni | sanak-sanak dhadhayoh sadayanira ||

3. Hèh pangulu matura marang nyaimu | amundhuta dhahar | manira iki wus ngêlih | kang liningan samya mundur gagancangan ||

4. Ki pangulu maring ing wisma umatur | amundhut saosan | marang Nikèn Widaryati | nulya ingkang dinuk anuduh pawongan ||

5. Wus tinuduh anampa rampadanipun | angirit ing ngarsa | sira Nikèn Widaryati | ingkang putra (m)bokmas Dêmang Wirancana ||

6. Sêliripun pipitu samya yu-ayu | sinami prabotnya | anyamping garingsing ringgit | sami kêmbên kêmbangan panji krurungan ||krungrungan.

7. Praptèng ngayun dhaharan kinèn anglungsur | sinungakên marang | Asradênta lan Nuripin | miwah modin mintên§ Prayoginipun / mantèn. /. pratuwa sadaya ||

8. Kang bubucu sinaosakên ing ngayun | nèng panjang giri bang | sêkul golong pêcêl-pitik | kinatêmbing rampadan ulam mawarna ||

9. Dhèndhèng gêpuk gorèngan êmpal puk duduh | kalêpon sêrêgan | age sujènan kêkisi | dhèndhèng ati kêlawan dhèndhèng alidhah ||

10. Abon rêmus ragi rêmpah srundèng krupuk | sambêlgorèng jrohan | lombok kêncêng lawan pêtis | pindhang antêp barongkos ayêm manjangan ||

11. Jangan bubus padhamara lawan mangut | sambêl liwêt miwah | pêcêl pitik jangan mênir | lambang lêbêt opor bèbèk lawan banyak ||

12. Bècèk wêdhus basêngèk gorèngan manuk | sangkêp kang lalaban | sadayanya wus sumaji | angandika Kae Kidang Wiracapa ||

--- 10 : 56 ---

13. Abênêr sun kèlingan marang sutamu | bagus Jayèngraga | pangantyan aturana glis | Nikèn Widaryati umatur ing raka ||

14. Ragi rikuh sih wontên lêbêt tilamrum | lamun ka-alipan | lan wayah-dalêm samya rip | mapan sampun kula caosi priyangga ||

15. Lingira rum lah iya uwis ta sokur | rinukti priyangga | ngling malih angacarani | lah suwawi ing ngriki sami wijikan ||

16. Sira iku kêmbula lawan adhimu | Wirancana pisan | Asradênta lan Nuripin | donganana dhisik salamêt sabrayat ||

17. Ki pangulu gupuh andongani Rajuk | wusnya ingaminan | Ke Kidang Wiracapa ngling | Wirabajra ing pandhapa pa wus rêma ||

18. Matur sampun lah uwis payo awisuh | gupuh kang liningan | tuturuh (n)dan lêkas bukti | pan warata kang lungguh parêng anadhah ||

19. Apikantuk dènnya royom akêkêmbul | nutug andharannya | dènnira adhahar sami | Kae Kidang Wiracapa turuh asta ||

20. Gya sadarum kakobok sarêng awisuh | ambêng cinarikan | kinèn maringkên pamburi | para mantên pra modin tuwa sadaya ||

21. Wus ingundur sadaya rampadanipun | rêsik tinêbahan | nulya dhadharan mangarsi | wowohan kang adi-adi myang olahan ||

22. Alon muwus Ke Kidang Wiracapèku | wawi ta punika | nyamikan pangusap amis | kang liningan matur nuwun anor-raga ||

23. Sarwi mundhut nyamikan sasênêngipun | wowohan myang jadah | sinambi sawangan angling | Ki Wuragil Kulawirya pon lingira ||

24. Kulanuwun wontèn kaol awon nganggur | kadya bobocahan | sruwang-sruwêng wontên angling | kang tinakèkakên pan ratuning gampang ||

25. Lawan ratu-ratuning angèl puniku | kula kadhêdhêlan | tinanya tan angrampungi | Kae Kidang Wiracapa mèsêm mojar ||

--- 10 : 57 ---

26. Dene wuwusing jalma ingkang kadyèku | nanging kaol kêndhang | tan wontên ingkang ngrampungi | sabên-sabên takèn ingurugan ujar ||

27. Sarwa dudu sakèhing panjawabipun | kang takon tan trima | dèrèng kapacangan budi | yèn ing kula piyambak Ki Kulawirya ||

28. Wuwus ratu-ratuning gampang puniku | anunutuh ujar | kang nacad kang mamaoni | sabên jalma bisa nutuh ananacad ||

29. Mring lyannipun tan wontên pangkalanipun | agampang kewala | tan kalawan dèn-niyati | wong anutuh maoni gampang-agamblang ||

30. Sababipun tan mawi bandha pakewuh | pan anglêr kewala | tan rubêt ing ika-iki | Kulawirya alatah gumuyu suka ||

31. Sarwi matur kang satunggalipun wau | ingkang winastanan | ratuning angèl puniki | kadipundi kakang ngabèi artinya ||

32. Alon muwus Ke Kidang Wiracapèku | adhi Kulawirya | ratuning angèl sayêkti | inggih wong kang nutuh maoni nanacad ||

33. Kang winaunwinaon. kang cinacad kang tinutuh | de kang winaonan | maoni pribadi nèki | anacada nutuh sarira priyangga ||

34. Ananutuh nacad marang liyanipun | mêmoyok saminya | marang ing sasami-sami | dadya anjalomprong mring ratuning gampang ||

35. Angèlipun mamoyok maoni nutuh | marang sariranya | kang punika adhi Ragil | tan wontên kang sagêd nacad dhawakira ||

36. Dadya ratu ratuning angèl puniku | wong anutuh jiwa | nacad sarira pribadi | yèn wontêna bisa-a nacad sarira ||

37. (ng)Gih puniku kandhangane jalmujalma. luhung | calon pinardika | ginantungan mulyèng dhiri | beda wong kang mêmoyok marang sasama ||

38. amamaunamamaon. ngala-ala angguguyu | wasis ananacad | moyok nutuh mamaoni | suwe-suwe kêna wawalêsan cacad ||

--- 10 : 58 ---

39. Têmahipun sarirannya nora cukup | kaniran sabarang | kècèr copèt§ Prayoginipun / cupêt /. uripnèki | pan wus nora bisa anjangkah mardika ||

40. Yèn kablusuk ucul pan dadi wong gêcul | amancal agama | agamane ngisin-isin | nora bisa kalèpètan ing tyas tama ||

41. Nora kètung kadung sandhange garumpung | wus kadya kamuktyan | dènnira amêmaoni | marang liyan tur ta awake angambak ||

42. Nganyuk-anyuk moyok prandene nanutuh | mring wong kasisipan | ingkang makatên dhi Ragil | kêdah yun wruh gampang angèle nanacad ||

43. Sru gumuyu Ki Kulawirya angguguk | gèwèk kagawokan | gumuyu Ki Jayèngrêsmi | guyunira ingampêt èsmu kaduga ||

44. Cathêtipun ing wardaya langkung surup | kapasuking driya | sangsaya angênir kapti | sarwi nonton santosane tekadira ||

45. Ya ta wau ing wanci siyang wus bêdhug | pra tamu parapat | mêlingkên Wirabajrèki | samya nelakakên tur pamit sadaya ||

46. Wusnya katur kang pra tamu pamitipun | sayahing jagongan | Ke Kidang Wiracapèki | angandika mring ari Wirabang Wirabajra ||Lebih dua suku kata: angandika mring Wirabang Wirabajra.

47. Sadayèku sanak-sanak kang yun mundur | kabèh tuturana | ing dalêm sapuluh wêngi | konên bali anjagong dalu kewala ||

48. Esukipun ywa susah pamit umantuk | kang liningan sigra | sadayanya dèn-dhawuhi | samya saur-manuk umatur sandika ||

49. Kang pra tamu samya bubaran sadarum | mulih sowang-sowang | Ke Kidang Wiracapèki | angling malih anakmas dhi Kulawirya ||

50. Sêdhêngipun manjing wêktu salat Luhur | umatur agêpah | inggih prayogi suwawi | owêl lamun kakirên awêktu salat ||

51. Nulya gupuh Ke Kidang Wiracapèku | Jayèngrêsmi lawan | Ki Ragil Kulawiryèki | Ki Nuripin Asradênta modinira ||

--- 10 : 59 ---

52. Marang tajug samya salat wêktu Luhur | kang kèri alênggah | Mas Wirancana Ngabèi | lan kang paman Wiranjana Wirangkara ||

53. Katrinipun Wirabajra samya lungguh | tan na ahli salat | Mas Wirancana ngling aris | kadipundi paman parigêling karya ||

54. Samya matur inggih pasaja tinurut | karsane ramanta | angrojongi karsanèki | punapa saraosing tyas dhinatêngan ||

55. Naur wuwus lah inggih kantênanipun | nanging wêling-kula | dhumatêng ing paman katri | lamun kula nêdhakkên sukaning driya ||

56. Paminipun sadhèrèk wontên kang rawuh | sanak bangsa praja | wuwuron sukaning galih | ing pratingkah kilap punapa pun paman ||

57. Kang puniku manawi karêngon siku | mangsa borong paman | (ng)gènnira mamrih basuki | saking dene kadhar ngalujêngi suta ||

58. Ngong andulu mring putra andika bagus | tambuh raosing tyas | sadarbe kula wong miskin | sawontêne kula tan rumaos gadhah ||

59. Sakalangkung trêsna-kula marang mantu | inggih ta lah paman | puniku putranta kalih | ingkang sêpuh Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

60. Sami sunu ing ulama sampun mashur | karêmênanira | kang sêpuh ngulama yêkti | ingkang anèm ragi sêngsêm kaberagan ||

61. Lèjêmipun lan kula anunggil kayun | kang paman samya jar | kados-kados inggih nunggil | yèn solahe Jèngraga solah nor-raga ||

62. Sru gumuyu Mas Wirancana lingnya rum | inggih kasinggihan | mantu-andika Jèngragi | datan pati mèmpêr yèn putrèng ulama ||

63. Pantêsipun dadi mantuning tumênggung | wasis wiryèng praja | mèsi langêning kamuktin | yèn anggambuh tan mambu trahing ulama ||

--- 10 : 60 ---

610. Gambuh

1. Dangu dènnya amuwus | yata ingkang anèng ing tilam rum | Jayèngraga lawan Ni Rara Widuri | kang tansah apulang-lulut | nutug larasing langên-(n)don ||

2. Tan paja muga tuwuk | têp-antêpan ing asmara nutug | ing latri wus kaping tri dènnya pulangsih | ing siyang mangkya mawantu | ping tri têkan wêktu Luhor ||

3. Jèngraga ngandika rum | atangia anggèr mirahingsanGuru lagu seharusnya: 10u, atangia anggèr mirahingsun. | ing wêktu Luhur wus andungkap akir |Kurang satu suku kata: ing wêktu Luhur uwus andungkap akir. ni rara maksih wulangun | saking katêmbènirandon ||

4. Ni rara srênging kalbu | prawan tuwa akir mangsanipun | kawêwahan panggêlaking budi sisip | katurutan karsanipun | mulane amot ambèngkot ||

5. Tan ana dharan ketung | mung cumbana lêlambaning kayun | kala-kala aja sah ing siyang ratri | manggunga bae salulut | karêm kamoran anglamong ||

6. Ni rara rinangrungrumrinarungrum. | ingarih-arih patanginipun | rinarêpa ni rara wus anuruti | kinuswa-kuswa ing kakung | luwaran dènnya karongron ||

7. Wau ta kalihipun | mijil saking pagêbêranipun | dyan kinanthi marang patirtanirèki | linadèn parêkanipun | wusira susuci karo ||

8. Mring pagêdhonganipun | apasatan wastra di kang mungguh | Ni Widuri awasis ngladèni laki | kang ibu myang êmbahipun | myat ingkang mantu rurukon ||

9. Kalangkung sukèng kalbu | pasiyanira rukun aruntut | Nikèn Widaryati angandika aris | (m)bok Wirancana agupuh | tata-a dhahar ing kono ||

10. Kang liningan agupuh | nuduh angrukti rampadanipun | sarwa eca ulam-ulaman mawarni | sadaya lumadyèng ngayun | Widaryati ngandika lon ||

11. Aturana anakmu | nulya nuduh mring ponakanipun | sigra matur mring sang ro kinèn amijil | kang ingaturan kerit wus | praptèng ngarsa tata lunggoh ||

--- 10 : 61 ---

12. Widaryati amuwus | anakmas Dêmang Wirancanèku | lah ing ngriki kakêmbulan lan putrèki | kang liningan matur nuwun | sumangga ngriku kemawon ||

13. Nulya malih amuwus | wawi anakmas sami tuturuh | Jayèngraga agêpah dènnira wijik | dhahar kêmbulan katêlu | Widuri tan purun royom ||

14. Jèngraga mèsêm muwus | payo yayi wasisan akêmbul | ingkang ibu lan kang êmbah ngatak bukti | aywa sumêlanging kayun | marang bojomu kang akon ||

15. Ni Widuri arikuh | tansah sasmitèng riri mring kakung | Jayèngraga nulya ngalap ambêng piring | sinaoskên sêkul gupuh | sinungkên mring kang garwa lon ||

16. Wusnya samya tuturuh | adan lêkas anadhah pikantuk | wong katêlu papat Ni Rara Widuri | tan pati pamulukipun | ukur bae ngojot-onjot ||ngonjot-onjot.

17. Sinamun andudulu | wayang krucil nuju lakonipun | Anjasmara duk nusul mring Damarsasi | angayam-ayam wana-gung | samarga-marga rèrèndhon ||

18. Udrasa kawlas-ayun | kacanthèling ri bandhil sing sirung | gya kapanggih lan lakine Damarsasi | kawistara ing pandulu | Anjasmara gya pinondhong ||

19. Mèsêm suka andulu | dhasar dhalange nyênyêt atutuk | karya rarasing rum wong akèh kapengin | si Laba Wukir nèng ngriku | wong roro anabuh saron ||

20. Ni Widuri andulu | marang Laba Wukir mèlu nabuh | jawil wêntis sarwi matur abibisik | pun Laba Wukir puniku | anèng wawayangan karo ||

21. Wau paduka nuduh | animbali lare ro kèn-nusul | lah punika manawi karsa nimbali | Jèngraga mèsêm lingnya rum | iya karêbèn nèng kono ||

22. Mêngko yèn wus angundur | luwaring dhahar carikanipun | paringana kewala lorodan bukti | wus antara dangunipun | nutug luwaran tuturoh ||

--- 10 : 62 ---

23. Gya cinarikan mundur | linorodakên lorodanipun | Laba Wukir pan wus pinaringan bukti | rare ro ature nuwun | yata kang anèng susuro ||

24. Kang samya wêktu Luhur | wus bakda bêdhug prapta sing tajug | wangsul maring paningrat tata alinggih | Jèngraga gya maring tajug | kakirên dènnya a-Luhor ||

25. Wau ingkang alungguh | Mas Wiracapa alon amuwus | Wirabajra tarup tatuwuhanèki | êndi kang wus padha alum | salinana ingkang ijo ||

26. Ingkang liningan matur | sandika ing rèhira tinuduh | tan adangu dènnira imbalan angling | Kemas Mancanapurèku | prapta ngirid pikulan bot ||

27. Jêjodhangan adulur | lan wong wadon nom tuwa gumrudug | lan sêlire Mas Wirancana Ngabèi | kinêrig tan ana kantun | kinèn laju marang gandhok ||

28. Kabèh warnining pikul | pêtani gêng rinayap ingusung | kawal kajangsirah myang kasur guguling | lan kandhaga karangulu | kêpèk pêthilan garobag ||

29. Miwah brag-gabragipunbrag-abragipun. | winot ing cikar sadayanipun | Mas Mancanapura masrahakên salir | wus tinampan sadayèku | nulya mangarsa alunggoh ||

30. Nulya samya alunggoh | Singabancana ngirit pipikul | mamêntahan kang pala-kasimpar tuwin | kêbo sapi lawan wêdhus | bèbèk ayam abon-abon ||

31. Pinasrahakên gupuh | marang (m)bokmas Wirabancanèku | rajakaya sadaya kinèn nancangi | gya mangarsa nunggil lungguh | yata wau ingkang rawoh ||

32. Mas Wirancana gupuh | ngirit pipikul wong wolungpuluh | bêras godhong kayu kang pinikul sami | sinrahkên sadayanipun | gya mangarsa nunggil lunggoh ||

33. Wiryancana sumusul | ngirit pipikul mung wolungpuluh | kang pinikul gula kalapa kêmiri | wowohan pala-gumantung | kacang kêdhêle binagor ||

--- 10 : 63 ---

34. Katungka prapta wau | Mas Mangunjana ngirit pipikul | pan wong patangpuluh kang pinikul sami | lênga myang arak nèng buyung | miwah mikul arta bolong ||

35. Sinrahkên kang (m)bokayu | wus tinampan ing sadayanipun | Wiryanjana Mangunjana gya mangarsi | wus tata anunggal lungguh | Ki Kulawirya ngling batos ||

36. Dene santosa tuhu | nora jamak kasaguhanipun | sadulure Mas Wirancana Ngabèi | padha angirit pipikul | sêsêmutan praptaning wong ||

37. Bobote ngunjal laku | saking Galèk mring Lêmbuastèku | iba ngêbrok ana ing kana pribadi | baya patang mene langkung | sangkule kasaguhing wong ||

38. Mas Wirancana muwus | mring pra ari paran sadaya wus | samya matur sawêg samantên kang prapti | gampil kakiranganipun | ing wingking kawula rêtos ||

39. Eman nora lêstantun | dènnya rabi Ki Jayèngragèku | rada bêgja rada singgih tur asugih | ajarot bandha-abandhu | sanake asagoh-sagoh ||

40. Inggih sarampungipun | Mas Wirancana alon umatur | kang punika kawula sampun anuding | punapa sarèhing tuduh | kawula dhatêng lumados ||

41. Dados botên arikuh | Ke Kidang Wiracapa amuwus | kang punika botên anakmas ngabèi | malah andika anuduh | mring paman anut sapakon ||

42. Mangsa winot ing bau | andhadhani nakmas karsanipun | kula pan wus pasrah tan ngrasa darbèni | papan pawisma sadarum | sumangga ing rèh kemawon ||

43. Wirancana umatur | inggih sandika anuwun maklum | Kae Kidang Wiracapa anêngahi | mas dêmang malih amuwus | mring kadangira lima lon ||

44. Wus tandangana gupuh | iya mangsa bodhoa sirèku | wus kalilan sadaya karêpirèki | pra kadang samya umatur | sandika (n)dum karya gupoh ||

--- 10 : 64 ---

45. Gya lèngsèr saking ngayun | Mas Mancanapura mring wisma gung | angirit wong undhagi pasang patani | siningsun kewala ngayun | pinatut rakiting krobong ||

46. Sangkêp saisinipun | angungkuli patani kang dangu | nuduh karya kang kêmbar-mayang sarakit | Mas Singabancana nyangkul | anjêjêgi karyèng pawon ||

47. Tapuking gawe umung | abusêkan jalwèstri abikut | swaraning wong (ng)gêlêpung mêcah kêrambil | kang bêlandhong nyigar kayu | mupuh ulam ting garaplok ||

48. Srènging gorèngan asru | pangupuhing wong nyêluk jinaluk | tanpa rungyan arungan anambut-kardi | yata kang lagya awêktu | Jèngraga wus bakda Luhor ||

49. Anèng surambi nuduh | maring santri kèn-nimbali gupuh | mring si Laba Wukir tan dangu gya prapti | Jèngraga ngandika arum | Laba Wukir sira karo ||

50. Aja mulih sirèku | sakalane sun maksih nèng Lêmbu | -asta tugura raina-wêngi |Kurang dua suku kata: -asta tugura raina lawan wêngi. ywa lunga-lunga sirèku | ana-a paningrat kono ||

51. Kang liningan umatur | sandika ing rèh kinarsan tugur | Jayèngraga nulya mring paningrat linggih | Laba Wukir datan kantun | nèng wuri tan kêna adoh ||

52. Mingsêr ingkang alungguh | pinapantês anèng kananipun | Kae Kidang Wiracapa ngandika ris | wawi sasêmbèn ing ngriku | punapa ingkang ginayoh ||

53. Matur sadaya nuwun | ngambil nyamikan sasênêngipun | Jayèngrêsmi Jèngraga Kulawiryèki | samya ngling sajroning kalbu | myat patraping sakèhing wong ||

54. Dinadak prandènipun | tan ana kèthèr sadayanipun | nora ana lyaning wong ing Galèk sasi | sadaya santananipun | angrampungi cèkoh-cèkoh ||

55. Dadya kraosing kalbu | èngêt nèng krajan Wanamartèku | duk panggihe Tamabangraras lan Mongragi |Lebih satu suku kata: duk panggihe Tambangraras lan Mongragi. putra santana anyangkul | karya dènnira mamanton ||

--- 10 : 65 ---

56. Ngawirya tri ngêmu luh | sinambi mucang sarwi (n)dudulu | solahing wong kang samya anambut-kardi | miwah amangun mamantu | lir pangantèn dèrèng panggoh ||

57. Sadaya kang alungguh | angaring tamu samya ngêmu luh | wus kadugi samya karaosing galih | tan wikan wadining sêmu | Dêmang Wirancana ngling lon ||

58. Mojar ing arinipun | mêngko yèn wus mayang gambyong Sêngul | samangsane Ki Mênthak wus angalithik | wong wiyaga konên talu | gêndhing barang bae Rimong ||

59. Dadya anguyu-uyu | gamêlaku si Sêpêtmadu |§ Kirang sawanda, prayoginipun / gamêlanku ran /. asauran lan salendro Si Bèrmanis | para ri samya umatur | pan inggih sampun mirantos ||

60. Tuwin panggènannipun | lamun wontên èstu kang pra tamu | para rayi-rayi paduka nagari | kilap kathah kêdhikipun | kang punika mangsa borong ||

61. Alon dènnira muwus | anakmas dêmang hya mêlang kalbu | hèh ya Bajra salu prantine wong cilik | sèwangên suwunge iku | karya pondhokaning dhayoh ||

62. Wirabajra umatur | inggih sandika punapa tuduh | Wirancana sumambung umatur aris | lah paman Wirabajrèku | prayogi nuding kemawon ||

63. Lah inggih anak sokur | suwawi lèngsèr saking ing ngayun | kula prênahakên wisma kang asêpi | sigra mundur kalihipun | Ke Kidang ngandika alon ||

64. Mring Mas Wirancanèku | sadhèrèk nagari lamun èstu | sami dhatêng kang (n)dika ulêm-ulêmi | anak ramèn adu-adu | sawung kêmiri myang puyoh ||

65. Wuron kasukanipun | Mas Wirancana mèsêm umatur | inggih kilap punapa andika mangkin | santana sampeyan wau | sêpuh anèm datan sèyos ||

66. Makatên rêmênipun | Ke Kidang Wiracapa amuwus | nakmas Jayèngrêsmi miwah adhi Ragil | sampun kakirangan maklum | pangguh tamu ingkang rawoh ||

--- 10 : 66 ---

67. Kang para ri umatur | sumanggèng karsa kang kinayun |§ Kirang sawanda, prayoginipun / ingkang /. ringgit Purwa myang talèdhèkipun mangkin | pan sami prayoginipun | karya tingalaning uwong ||

68. Wirabajra sumambung | yèn kula pyambak botên kadyèku | mêntas ramèn luhung nimbalana santri | salawat dhikir Maulud | mupung dèrèng sangêt wuron ||

69. Ngalap mapangatipun | Ke Kidang Wiracapa gumuyu | iya bênêr karêpe adhimu bêcik | kadingarèn kaya kaum | nganyar-anyari mancono ||

70. Wirabajra tumungkul | ginuyu ing sadaya kang lungguh | Kae Kidang Wiracapa ngandika ris | lah iya sira pangulu | golèka santri kèh kono ||

71. Padha dhikir Maulud | utamane ana-a wong satus | Ki Pangulu Asradênta matur aris | kalêrêsan tujonipun | wontên santri ingkang mondhok ||

72. Nêmbung nèng masjid agung | kathahipun tiyang sèkêt-wolu | kados wontên pitungdasa santri ngriki | sadayanya satus langkung | lamun samantên kemawon ||

73. Wirabajra gumuyu | nyata santri kèh rêjêkinipun | andang pira akèh santri padha mampir | Ki Kulawirya amuwus | Kang Wirabajra ambanyol ||

74. Kang myarsa sukèng kalbu | angling malih lah ya wis pangulu | kumpulêna kabèh saolèhe santri | agupuh kae pangulu | umatur sandika sagoh ||

75. Mangkana wancinipun | waktu Ngasar Ke Kidang amuwus | lah suwawi anakmas wêktu Ngasêri | kang ingancaran agupuh | samya salat maring suro ||

76. Yata kang kari lungguh | Mas Wirancana lingira arum | hèh sagunge sanak-sanakingsun sami | rèh wus wanci padha kukud | dadya kèndêlan mungêl gong ||

77. Ingkang wayang wus nutug | lêlakone Damarwulanipun | wus panggih lan Prabu-kênya Majapahit | kacrita wêkasanipun | Damarwulan madêg katong ||

--- 10 : 67 ---

78. Karyèn-buhKaryèmbuh. dhalangipun | Ki Mênthak nyandhak golèkanipun | ginambyongkên golèkan ringgit Kalithik | thêngule nglêboni gandrung | kongsi wuda dènnya tombok ||

79. Wus bêdhol kayon tutug | kang nonton bubar sadayanipun | angandika Mas Wirancana Ngabèi | wong wiyaga konên talu | matur sandika gya naboh ||

80. Muni gamêlanipun | pelog rarase nyamlêng nêmipun | nama gêndhing Rimong rêmpêg angrarangin | wus sababak Sêpêtmadu | gantya Bèrmanis salendro ||

611. Dhandhanggula

1. Wusnya muni cumêngkling amanis | raras miring antêp barang lima | sumèntêg nyamlêng sêrênge | karya gagaling kalbu | anduling gong Nyêkar-gadhungi | kênonge ngula-lanang | kêthuke angêngkuk | ricik sarancaknya lumak | panabuhe jêjêg angapinjal Pathi | imbale atilêpan ||

2. Tan kasêron ririh ukur (n)jawil | sêsènggolan kabèh tan sulaya | Bèr-manis kêling arume | rêbab gambang suling sru | sing angrungu maring Bèr-manis | samya ngowahi solah | berag ambabêsus | gêndhinge lagu prayoga | mèsêm-mèsêm Mas Wirancana Ngabèi | angling mring para kadang ||

3. Iya ta lah si Bèr-manis iki | yèn muni têka tanpa tandhingan | sakèhe salèndro kabèh | nora ana kadyèku | nadyan kutha tan anamadhani |§ Kêkathahên sawanda, prayoginipun / tan na /. para ri aturira | pan inggih saèstu | kawula dèrèng tumingal | ungêlipun ing salendro lir Bèr-manis | nyamlêng suruping raras ||

4. Panabuhira ukur anjawil | ting karênyit lir gamêlan dhanyang | pinirsa langkung manise | Wirancana gumuyu | angling iya bênêr sirèki | yèn mangkono dhawuhna | niyaga kon-nabuh | marang ing gamêlaningwang | Sêpêtmadu panabuhe konên ririh | lir Bèr-manis mangkana ||

--- 10 : 68 ---

5. Mas Mancanapura matur aris | sampun prayogi tinabuh sora | kalamun tinabuh rirèh | tan pikantuk srêngipun | kêdah sêru panabuhnèki | sabab kathah wawratnya | kandêl wilahinipun |Lebih satu suku kata: kandêl wilahipun. kêdah antêping panatap | robing ungêl pun Sêpêtmadu ngarangin | ecaning katêbihan ||

6. Kalih dening saunining gêndhing | kang pelog sru sora gantya-gantya | salendro kang ririh bae | kapanggih ecanipun | raosing tyas amêratani | mara ing kono padha | jêg bênêr aturmu | kang pininton samya mojar | inggih lêrês prayogi ingkang kadyèki | nutug raosing manah ||

7. Wirabajra anauri angling | inggih kasinggihan atur (n)dika | sami pikantuk kalihe | srining panguyu-uyu | Wirancana mèsêm dènnya gnlingngling. | inggih Mas Wirabajra | kula langkung tumut | lah ta wis Mancanapura | konên dèn-sru anabuh gamêlan-mami | dimèn nuntung sêrêngnya ||

8. Dhinawuhan ingkang nabuh sami | yata ingkang salat nèng ngalanggar | wus bakda wêktu Ngasare | mudhun saking ing tajug | myarsa ungêl rarasing gêndhing | Jèngraga sasolahnya | kèluning pandulu | kadya bêksa salewanya | kawigaran pangunyu-uyuning gêndhing | kawistara ing tingkah ||

9. Praptèng paningrat Kae Ngabèi | Jayèngrêsmi miwah Jayèngraga | Kulawirya Nuripine | Asradênta Pangulu | pra putra ri gupuh ngudhuni | anulya tata lênggah | anèng bale agung | sadaya wangsul (ng)gyannira | Kae Kidang Wiracapa ngandika ris | maring Mas Wirancana ||

10. Langkung asri gamêlan kang muni | Sêpêtmadu lan Bèr-manis timbang | salèndro lawan peloge | bisa mrênah kang nabuh | wusnya sora tinampan ririh | gangsa pelog punika | pancèn tinabuh sru | alêga arum swaranya | yèn salendro kudu tinabuh kang ririh | sakeca piniyarsa ||

11. Mas Wirancana umatur inggih | kasinggihan ingkang pangandika | gangsa sami prayogine | Ke Kidang malih muwus | tanah padhusunan dhi Ragil | tan wontên ingkang mimba | gangsa

--- 10 : 69 ---

ro puniku | adhoadhi. sanadyan ing kitha | datan wontên anjawi ingkang (n)darbèni | kitha ing Pranaraga ||

12. Kulawirya aturira aris | inggih lêrês tan ana kang mèmba | punapa (ng)gyan yasa dhewe | gangsa kalih puniku | Kae Kidang Wiracapa ngling | daya dèyè sagêda | yasa kang kadyèku | punika sami bituwah | kang pelog sing êmbah-buyut duking uni | pun eyang Purbancana ||

13. Kang (n)darbèni ing Galèk pribadi | ingkang yasa gamêlan punika | nanging têdhak-dalêm gonge | gong padha yaning dangu | pinaringkên eyang ing Galik | kang salendro punika | sih wêtah sadarum | swargi eyang jêngandika | Radèn Patih Wirabrata Pranaragi | tumêrah ing kawula ||

14. Dalah kêcèripun tan nyulami | tuwin kula tan ngewahi raras | pan maksih wêtah balènyèn | Ki Wuragil gumuyu | asasmita marang Jèngragi | bibisik mring kang putra | iya pangrasaku | duwèke mratuwanira | durung timbang lawan si Alun-jaladri | kajaba salendronya ||

15. Sanyata tan ana kang nimbangi | kang putra mèsêm sinamun mucang | inggih makatên gajêge | Ke Kidang alon muwus | punapi dhi Ragil ingangling | matur Ke Kulawirya | kang pelog puniku | lan kagungane putranta | Jayèngraga inggih pelog sami ugi | timbang lawan punika ||

16. Rarasipun nême kaot kêdhik | gêng ngriku kaot sasigar wilah | kang ngêrobi sangêt gonge | ngriki sangêt gongipun | nyamlêng saplak lan riciknèki | sarwa sèbêt sadaya | sumbang rarasipun | anjawi gangsa-paduka | pun Bèr-manis sêdhêng saulonirèki | raras anglokananta ||

17. Kae Wiracapa gumuywa ngling | kadipundi basa nglokananta | kula dèrèng surup lire | prèhpun dhi Ragil ngriku | Ki Wuragil gumuyu angling | kawularsa tatanya | ing kakang liripun | ih dhi Ragil ardalepa | wong tinakon (n)dadak malês anakoni | rame dadya paguywan ||

18. Niyaga dhalang ingkang ngalithik | apan samya lagya ingingonan | panggêndêr walanjar mêndêr | tan mèlu mangan kêmbul |

--- 10 : 70 ---

isih tansah pinêndir liring | marang Ki Kulawirya | balangan pandulu | apan wus sakesuk mula | ting kathuwêt iriban balangan liring | marang Ki Kulawirya ||

19. Kula punika kakang ngabèi | mirêngakên gamêlan sarancak | mung rêmên myarsakkên gêndèr | nadyan klênènganipun | piniyarsa kalangkung asri | tinimbang gambang rêbab | pênêt gêndèripun | sami-sami piyambakan | Kae Kidang Wiracapa mèsêm angling | lêrês Ki Kulawirya ||

20. Kojah niyaga sêpuh pribadi | gêndèr dadya bibitaning gangsa | sarancak kang ugêr gêndèr | sami sadayanipun | gêndèr mawa tangguh pribadi | Majapahit myang Tuban | lan tangguh Sêdayu | nènèman tangguh Mataram | gêndèr apik dhasar kang anabuh wasis | sakeca piniyarsa ||

21. Ki Kulawirya gumuyu angling | anolèh myat kang tan mèlu mangan | kados puniku tyang (ng)gêndèr | sampun kawilang baut | ngapinjalnya jêjêl tarampil | gumuyu Kae Kidang | Wiracapa muwus | dhasar komuk panggêndèrnya | botên wontên ing ngriki ingkang nyamèni | sring kula kèn gêndèran ||

22. Kalênèngan piyambak nèng jawi | sabên dintên awis anèng wisma | punika pun Asêm-sore | Ki Wuragil gumuyu | athik Asêm-sore namèki | mara sira mrenea | dèn-kaparèng ngayun | nèng kene sira (ng)gêndèra | Kang Ngabèi ngling Asêm-sore sirèki | tinimbalan mangarsa ||

23. Kang liningan agupuh mangarsi | angling malih hèh wong aniyaga | gêndère Bèr-manis kuwe | saosêna ing ngayun | gêndèr nulya sumaos ngarsi | keringe Kulawirya | ni Sêm-sore laju | antara suwuk pelognya | Kae Kidang Wiracapa mèsêm angling | prayogine punika ||

24. Nakmas Jayèngraga kang ngrêbabi | dhi Wuragil Kulawirya kêndhang | kula nabuh kêtipunge | sapa sing gambang iku | lah majua lawan kang nyuling | rêbab kêndhang aturna | marang bêndaramu | ingkang liningan agêpah | pan wus katur kang gambang suling mangarsi | Kang Ngabèi lingira ||

--- 10 : 71 ---

25. Sumangga sinênggrèng rêbabnèki | sêndhon pathêt manyura kewala | Jèngraga nênthêng kawate | wus pakolih nèmipunnêmipun. | gya sasêndhon manyura wasis | jariji anglir kala | -jêngking masang ngantup | tutup gêtêr mawiwilan | lir wigaring ukêl pakis kang jariji | kèsoke muput lamba ||

26. Yèn rangkêp rikat kari lêstari | wilêting tutup angêmbat kawat | ngêlong surup pangêluse | ngik-ingike angêntup | lir pangrêrihing dyah kapilis | katrêsan ing asmara | panjritnya tan asru | pangringiking pêgat-pêgat | pan mangkana sarênging bêsus kaèksi | yakmanyaring§ Prayoginipun / yatmakaning /. pangrêbab ||

27. Biniyantu rêbab gêndèr suling | amêlingi lir nglinging kumara | wilêt barung rum-manise | sakèhe kang angrungu | samya mêne lalu niniling | mruntus kakêdhokira | awuyungan kalbu | pawèstri kang samya nyanak | panglintinge kuwalik ênjêd nèng jawi | anon mèsêm binuwang ||

28. Wau sira Ni Rara Widuri | uningèng raka sagêd angrêbab | agorèh dènnira linggèh | wau pangrasanipun | sah sakêdhap kadya sêsasi | apungan jroning nala | dènnya gêng wulangun | lapake pangantèn anyar | ngunyêr trêsnanya tan kêna sah ing laki | uyang bênggang sadhela ||

29. Kang sasêndhon nundhung awawasis | nutug praptèng liyu-liyanira | Sarayuda sabêmane | papathêtanira wus | Mas Prawirancana Ngabèi | katêmbèn mring Jèngraga | kalangkung angungun | ambungahabungah. marwata-suta | myating mantu wasis pangolahing gêndhing | ngasorkên pra niyaga ||

30. Miwah pra kadang sasêntananèki |Lebih satu suku kata: Miwah pra kadang sêntananèki. mulat mring Jèngraga suka-rêna | sarwasis bagus warnane | langkung panggung-gungipun | Kae Kidang Wiracapa ngling | wawi mungêl gêndhingan | pênêt Kuwung-kuwung | ya bênêr hèh Wukir Laba | anggambanga si Wukir ingkang anyuling | sigra ingkang liningan ||

--- 10 : 72 ---

31. Jayèngraga mèsêm ambukani | myat rare ro tarampil anggambang | lan abêcik panyulinge | anganyut Kuwung-kuwung | sasènggolan ricik kur (n)jawil | landhung iramanira | rangkêping panabuh | raras bancanging maruta | maratani karanan tyasing kang myarsi | puthis maring gamêlan ||

32. Kae Kidang Wiracapa angling | owêl têmên nora ginêndhèngan | mara sindhènana Grèpèt | ronggèng nulya nglik ngungkung | wuwuh wilêt ulêting gêndhing | ginêndhèngan adhamang | paparikanipun | gununge wong Kalisara | sun-talawu lawan kang asikil gadhing | anampar anèng paron ||

33. Cangak luwak kae dhandang-wiringdhandhang-wiring. | bayêm gatêl iya nora kalap | bot-ènthèng sun-sandhang dhewe | dhuh lae jênang-watu | papathine toyèng jaladri | kawula sampun sayah | Ki Wirya gumuyu | wong jèh tangèh têka sayah | sarwi nolèh mring panggêndèr gya mring ringgit | gumuyu kang tumingal ||

34. Ni Widuri lir sata mèmèti | lunga sadhela lungguh tan jênak | lèjême ngundang kakunge | kang kinêdhèp durung wruh | maksih (ng)gêndhing nêlaskên wasis | Kuwung-kuwung gya niba | kêndhange angguguk | kosèkan raras ciblonan | gêdhug magak bêm rêbah kêmpyang ngêpipir | mênjat ngêgèh irama ||

35. Wus antara dènnira anggêndhing | sêsêg gya ngandhêlong sêsalahan | nulya suwuk gamêlane | laju sêndhon nglêg arum | nutug liyu-liyanirèki | Sarayuda sabêman | Ki Wirya amuwus | tambuh kang sun-piyarsakna | gajêg rêbab gajêg sindhèn rêbab suling | abingung kang kapenak ||

36. Bok Asêm-sore tansah ngèsêmi | dhasar Ki Kulawirya wus pasang | ngon iriban sasuwene | iya ing wancinipun | sore surya anuntung wukir | Ke Kidang Wiracapa | alon dènnya muwus | ing bêcike Wirabajra | mupung awal padha mamadhangan dhisik | tan kasusu Mahribnya ||

37. Mangunjana mundur sigra nuding | kasinoman pawèstri pinatah | saosan jaba jêrone | pra samya sêliripun | myang santana samya ngladèni | pinatut panganggenya | samya

--- 10 : 73 ---

nyar yu-ayu | sêlir santana pan beda | panganggone bokmas kang mamantês sami | tapih kakêmbênira ||

38. Pasinoman pawèstri angrukti | ingkang ngladèni marang paningrat | kang ngladèni jro wismane | nyamikannya ingundur | rarampadan lumadyèng ngarsi | lancaran wus tinata | andhèr anèng ngayun | wus mundur wong kasinoman | kari ingkang nyambêl kalawan ngêbuti | ngajokkên kang kinarsan ||

39. Jayèngraga ingaturan maring | wisma nadhah lawan ingkang garwa | lan ibu lawan êmbahe | Jèngraga gya umangsuk | marang wisma nunggal alinggih | Ke Kidang Wiracapa | ngancarani turuh | agêpah ingkang liningan | sami wijik gamêlan pelog kang muni | Bujangga-nom lirihan ||

40. Ronggèng si Grèpèt ingkang nyindhèni | apan samya kêmbul sami nadhah | miwah kang anèng wismane | samya bukti tan kantun | Ni Widuri angling ngalêsik | punika lam-ulaman | jêjawat sadarum | kang raka angling geneya | matur kados kadangon botên ingambil | sarwi akaca-kaca ||

41. Jayèngraga mèsêm aningali | mring kang garwa sasmita walaka | saking sangêt wulangune | ingkang raka gumuyu | sarya ngliling sinawung bukti | kang nadhah ing paningrat | pikantuk anutug | Ke Kidang Wiracapa jar | mêne kêpêl inggih ta lah adhi Ragil | badhe sampun mupakat ||

42. Tiyang anèng ing pamanton sami | lumrahipun ngungsèkakên awak | kuwatir lamun kaluwèn | tuwin panganggènipun | awon-awon kêdaha rêsik | kang darbe sarwa mubyar | mrih dinêlêng patut | niku wong ngungsèkkên awak | yèn pangantèn amung ngungsèkakên ati | tan watir prabot pangan ||

43. Lamun tilik pangantèn yèn ratri | sugih antuk angobe barisan | lamun wus lunga dhayohe | pan nora ngontak-ngantuk | nora ongab-angob sawêngi | kang samya myarsa kandha | sadaya gumuyu | Ki Kulawirya alatah | angling malih tiyang sami anglampahi | saya dadya paguywan ||

--- 10 : 74 ---

44. Ki Wuragil suka gumuywa ngling | de kobèt têmên murade kakang | sadhengah kajaring kabèh | datan ana kang wudhu | wus kagarap kabèh kaèksi | ngling botên ta anggarap | mungguh liding ngèlmu | tanajulira ing murad | milanipun pangantèn ngungsèkkên ati | sabab jêjêring rohyad ||

45. Awiwinih ingkang bangsa ati | tumurune rohyad amartabat | tumêkèng insaniyahe | maujud duking dangu | apan lesan panjanging bukti | pangungsène ing lesan | pangan kang wus tamtu | yèn sampun mangsa diwasa | pan ihtiyar sasandhangan kang utami | pangungsène ing badan ||

46. Yèn tirkine kang wus kaki-kaki | apan maksih tuwa rare jabang | jabang kungkulan tuwane | tuwa widhunganipun | gêr gumuyu kang sadayèki | Jèngrêsmi mèsêm suka | aririh gumuyu | Ki Wuragil Kulawirya | sru angguguk ngling tan nyana yèn kadyèki | dene nunjêm rasanya ||

47. Dhasar mêdèni kakang ngabèi | kongsi tan wruh rasane kang tadhah | miwah gamêlan sêdene | sanalika tan ngrungu | anauri kang samya linggih | kula inggih kadyèka | lepyan rasèng puluk | Kae Kidang Wiracapa | asasambèn bukti awacana aris | dhi Ragil Kulawirya ||

48. Ingkang sinung bisa anindaki | pamancade pananing panêmbah | kang makatên pêr-èmpêre | luyuding kang kadulu | dadalan kang marang kajatin | pan namung sanalika | tingkahing pandulu | amiwalakên Asya-a | lêlèjêming ikral mirat munajati | tubadil tan warana ||

49. Nanging alantaran lawan puji | ingkang sampun suhuling Hyang Suksma | puniku linangkahake | sakêdhik lothung-lothung | ginantêr lan talatènèki | prayoga ginraita | lir puniku wau | pinasah anèng ibadah | paedahe sampurnaning sêmbah puji | kang numpaking walikan ||

50. Ingkang samya myarsa anor-ragi | sami ngantu luwaring panadhah | dangu pangonjot-onjote | antara wus anutug | turuh asta sadayanèki | ambênge cinarikan | mring sinoman mundur |

--- 10 : 75 ---

sawusira aluwaran | akukurah wedang myang mangsêgannèki | ing wanci suryancala ||

51. Ingancaran salat wêktu Mahrib | Jayèngrêsmi sadaya mring langgar | Jèngraga ngling mring garwane | dhuh kariya wong ayu | ingsun salat Mahrib mring masjid | Widuri sêndhêt turnya | sampun dangu-dangu | pan kawula tan sagêd sah | lah bok sampun sêmbahyang kala-ne mangkin | benjing malih kewala ||

52. Jayèngraga mèsêm angling malih | sêmu ewa myarsa turing garwa | cah iki luwih bêrète | lir (m)Bok Sêmbada Pulung | nora lajêr labêt utami | tan pantês kinohana | angajak baliwur | mangkana osiking driya | samudana wuwuse angarih-arih | iya yayi sadhela ||

53. Nulya nusul salat maring masjid | wusnya kadas kantumkantun. sarêkangat | anututi ing makmume | antara bakdanipun | Mahrib praptèng NgisanirèkiNgisakirèki. | paragat wêktunira | wusnya asusuhul | rahap salawat salaman | rampung salat nulya mudhun saking mêsjid | wangsul lunggyèng paningrat ||

54. Kang putra ri samya angudhuni | ingancaran tata wangsul lênggah | akapang têpung dhêngkule | ladèn sumadyèng ngayun | nyanyamikan mawarni asri | Ke Kidang Wiracapa | alon dènnya muwus | lah (n)di santrimu Sradênta | Ki Pangulu matur inggih mangke kêdhik | sawêg dandos kang nuskah ||

55. Tan antara santri sami prapti | ambrubul lir salaba brubulan | Ki Asradênta nulya ge | amapanakên lungguh | saurute kang gêdhe cilik | sadaya cacahira | satus wolungpuluh | pinarnah kang para lurah | Kae Kidang Wiracapa angling malih | wawi lênggah pandhapa ||

56. Kang liningan tar sawala kapti | nulya samya lênggah ing pandhapa | pinggir lèr wetan mangilèn | mangunjana anuduh | hèh wong kasinoman dèn-aglis | sasaosan dhaharan | ladèkna ing ngayun | agupuh wong kasinoman | nyaosakên dhaharan asri mawarni | wowohan lah olahan ||

--- 10 : 76 ---

57. Dhah pateyan gembolan tap-sirih | wis samêkta mundur ingkang nampa | Ke Kidang Wiracapane | ngling marang ki pangulu | hèh Sradênta sapa kang dadi | pambatak salawatan | pangulu umatur | puniku Gus Kaplil-iman | lurah santri sing Kalangbrèt alim dhikir | Maulud salawatan ||

58. Angling malih lah inggih Gus Santri | kajat manira angalap barkah | nuskah ruwira singire | slawatan dhikir Molud | wus Bismilah ngriku awiwit | Gus Kaplil-iman turnya | ngumumakên wuwus | mring sadaya santri kathah | saur manuk samya nginggihi ngèstrèni | Gus Kaplil-iman nulya ||

59. Maca tangawudira ingapti | ambuka nuskah wiwit salawat | sinauran ing wong akèh | langkung ramya gumuruh | kadya gêrah swaraning santri | rêmpêg tan na salaya | sru anganyut-anyut | wus antara dangunira | praptèng akir tamat salawat kang singir | salallahu ngaleya ||

60. Gya Gus Kaplil-iman maca rawi | kir'at sêdhêng-sêdhêng pasèkatnya | wusnya katam ruwiyane | tinampan salallahu | kaping tri lan wong akèh sami | lurah Gus kapliliman | nuduh santrinipun | santri katri kinèn bawa | kang tinuding angêlik singir Bêsahri | swara sri abarungan ||

61. Ababêsus sajake kinardi | pangrasane tan na nimbangana | ciptanira bêcik dhewe | wong têlu rêbut unggul | gya tinampan sauranèki | gumêrah santri tathahkathah. | ramene kalangkung | wus akir tamat singirnya | suwuk mawa salalahu ngalaihi | lan wong kèh kaping tiga ||

62. Jayèngrêsmi kinèn maca rawi | sajak Yahman pemulan biyolah | titis kir'at pasêkate | ing mat lan kasaripun | tan kaladuk lajim lan jais | tratil mikrajwang sastra | swara manis arum | pra santri kang samya myarsa | pamacane rawi bagus Jayèngrêsmi | tan nyana yèn ngulama ||

63. Miris rumaos boya kadugi | angèmpèri sajak kang mangkana | dadya wêlu sakabèhe | Kidang Wiracapèku | mèsêm anon mring Jayèngrêsmi | miwah Mas Wirancana | sadaya angungun |

--- 10 : 77 ---

lir tuwan wêdalan Ngarab | pamacane ruwiya angluwihi kadi |Lebih satu suku kata: pamacane ruwiya ngluwihi kadi. tan ana mangkana-a ||

64. Santri kabèh tan ana cêmuwit | rasan watu sêgu wae nora | sangking kayungyun sajake | tamat pamaosipun | maca lan wong akèh kaping tri | Ke Kidang Wiracapa | mèsêm alon muwus | wawi anak Jayèngraga | prayogine andika kang bawa singir | kang putra tan lênggana ||

65. Mundhut kancuh santri têlu singir | wus samakta santri pipilihan | gya wiwit rawi singire | singir tanga linuhung | ngêlik ngungkung anglangkungi |Kurang satu suku kata: ngêlik angungkung anglangkungi. paribasan kang swara | turut usuk-usuk | buntas ulêm angumandhang | muluk rêmak gêtas rênyah rum amanis | ulone Jayèngraga ||

66. Santri têlu bêcu tan (m)barêngi | kèthèr puthêr ras-arasên mênga | cangkêm tulus mênêng bae | mlêngak sadayanipun | myarsa swaranira Jèngragi | praptèng ayating sik-ra | tinampèn gumuruh | sinauran ing akathah | samya erak angantêp suwaranèki | sangsaya sru wurahan ||

67. Nora etung erak gondhangnèki | saking suka myarsa kang abawa | bungah-bungah sadayane | dene swara kang luhung | lamun gantya tampaning singir | si Wukir lan si Laba | kinèn barung niru | nut landhung like kewala | Laba Wukir sabab nora tau nyantri | namung anurut swara ||

68. Suwe-suwe surup ukêlnèki | dadya tuntum saplak swaranira | saukêl paprigêlane | wêwah manisira rum | Jayèngraga angêtog wasis | ulone bêning mêmbat | ulêm ngêntul-êntul | gèdhèg Kidang Wiracapa | langkung suka myarsa swarane Jèngragi | anglangkungi akathah ||

69. Miwah kang martamu angabèi | Mas Wirancana sakadangira | kalangkung ngalêmbanane | akagum sarwa baut | gêndhing bêksa alim angaji | wong nonton èstri priya | samya brangta wuyung | wong pawon kang olah-olah | gumarubyuk tinggal gawe aningali | kang bawa salawatan ||

--- 10 : 78 ---

70. Kang lah-olèholah. tan kongsi (m)bumboni | lali kasusu panontonira | padha kasuwèn anjêngglang | gosong gorènganipun | yèn santri kèh anaurani | wangsul mring pawon sigra | kèh gosong gagêtun | parèstri kang anèng wisma | arêg-rêgan tambuh rasane kang ati | cipta sami kedanan ||

71. Nyunyungnya pan calumak-calumik | tan na aking samya kabanjiran | ngandhap nguwêt kakowoke | cêblokan (ng)guyu-(ng)guyu | ting kalêsik ngalêm Jèngragi | rarasan iya ta lah | Ni Widuri ontung | bênêr lèhe nunjang-palang | nora etang gungan olèh wong jêlanthir | jênthara sarwa bisa ||

72. Mara ta dhèk wong samene iki | jinawila marang Jayèngraga | iba banjur ngèthèh-èthèh | samya jorogan guyu | tan wus solahirèng pawèstri | kang lungguh nèng paningrat | pra bokmas sadarum | Ni Kèn Widaryati lawan | (m)bokmas Wirancana lan Rara Widuri | ki pinangantyan anyar ||

73. Sakèh wanodya suka miyarsi | marang swaranira Jayèngraga | langkung pangalêmbanane | Ni Widuri gung wuyung | tambuh solahira alinggih | ngêrêng ngunjal ambêgan | krêkuwan arikuh | tan bêtah pisah sadina | kadya jêbol igane êdêning ati | mêjên sadina-dina ||

74. Wus antara dangu ingkang singir | praptèng akir suwuk kang slawatan | tinampan salam wong akèh | gumuruh salallahu | ngalahi wasalam kaping tri | sigra Mas Mangunjana | angabani gupuh | marang wonge kasinoman | kinèn mêdalakên nyamikaning santri | gembol wedang panganan ||

75. Kang tinuding sigra sami ngrukti | mêdalakên ing laladènira | panganan nèng ngancak gêdhe | wedang srêbat sadarum | wus pinêtak royomanèki | lulurah lan arahan | wus ramut gya mundur | Kae Kidang Wiracapa | ngancarakên wawi kanca santri-santri | padha nyanyamikan anyanyamikan ||Lebih empat suku kata: padha anyanyamikan.

76. Kang liningan sigra sami ngambil | wedang panganan sasênêngira | ting krêpyêk rame swarane | yata ingkang alungguh | nèng paningrat kang para èstri | Widaryati uninga | kang wayah wulangun | angling mring pawonganira | kinèn matur mring

--- 10 : 79 ---

kang raka Ke Ngabèi | Jayèngraga taruna ||

77. Maring wisma layap mring tilamrik | gupuh kang tinuding mring pandhapa | wus umatur kang kinèngkèn | wangsul mundur (ng)gyannipun | Kae Kidang Wiracapa ngling | anakmas Jayèngraga | ingaturan kondur | mring wisma ibu-andika | kang liningan Jèngraga umatur inggih | rêndhêt tan pati dhangan ||

78. Suwe dènnya salawatan dhikir | sinasmitan mring Ki Kulawirya | lan kang raka pangliringe | Jèngraga sigra mundur | nèng paningrat alon alinggih | kinèn nadhah dhaharan | samya amumundhut | nyamikan sakarsanira | Ni Kèn Widaryati angandika aris | ring kang wayah pangantyan ||

79. Lah wus sira turuwa Widuri | marang tilam manawa karipan | nèng (n)jaba ywa suwe-suwe | prayoga nèng jinêmrum | Widuri tan lêngganèng tuding | dhasar wus sore mula | tyasira yang-uyung | mangkya pan kinèn alayap | nulya lèngsèr kathuwêtan (n)jawil wêntis | tumamèng pagêbêran ||

80. Kang sinasmitan wa ing galih |Kurang satu suku kata: Kang sinasmitan cuwa ing galih. kalancangan lêlangêning karsa | dadya asêmpug dhangane | winatara wus dangu | Ni Kèn Widaryati ngling aris | anakmas Jayèngraga | sareya wus dalu | nèng jinêmrum lan garwanta | Jayèngraga liningan lèngsèr sing ngarsi | marang ing pasarean ||

81. Karongron lan Ni rara Widuri | myating raka praptèng pasarean | tar sangkrip sru panggulêde | karuna mrih cinatu | ing asmara rarasing gati | acipta ge-ageya | pinurwakèng lulut | Jèngraga ciptaning driya | amung anêmbadani ngecani kapti | batine wus sarwèwa ||

82. Saparone driya sudaning sih | prandene Widuri tan uninga | saking sangêt wulangune | tan ana kang kaetung | namung nêlêng rarasing rêsmi | kang raka anambrama | panggawe kur-ukur | Widuri saya amêksa | panggujêge tan kêlir sangkribing èstri | minta pulang-asmara ||

--- 10 : 80 ---

83. Wus anglukar wastra Ni Widuri | Jayèngraga ngunandikèng driya | wong iki dudu baene | mêrêm bae ngêthiwul | yèn ta aja anak priyayi | patut wong kabêdhalan | saênggone bêngkung | akathah sandeyanira | Jayèngraga anamudana ing rabi | kinuswa wirangrongan ||

612. Wirangrong

1. Ginulingakên kang rayi | pan pinelahakên ing (n)don | priyanya lir pendah botoh sawung | anantang toh wani | angêpak ing kalangan | bae unggul tinadhahan ||

2. Awantêr kewala nanging | jagone angucir keyok | tan dadi tarungan nora dangu | mung botohe wani | mangkana pamènira | warastra datan gulawat ||

3. Amung pangungruming rabi | ing rara ingkang wirangrong | Ni Widuri kadya sata ayun | nunucuk tan olih | solahe lir kekeyan | dènnya mring cadhang asmara ||

4. Warastra tansah inguli | -uli mêksa angalèntroh | tan gulawat pisan ni rara sru | dènnira kêpingin | Ni Widuri karuna | warastra kang tinangisan ||

5. Matur punika dospundi | anggung makatên kemawon | tan wande kawula têkèng lampus | lamun tan sinung sih | adhuh lae bêndara | mugi sung asih maring wang ||

6. Jèngraga mulat ing rabi | èsmu wêlas ing pandulon | angupayèng driya kinarya sung | marang kang mumurih | lir cintaka angêrak | minta rirising ngawiyat ||

7. Kakunge karsa murwèng sih | kang garwa nulya linêson | tinumamèng prana ing alulut | langêning arêsmi | pinolah wardêng tingkah | Widuri pongah-pangihan ||

8. Sinêmbadan ing pulang sih | kang binot dening kalangon | Widuri ciptanya rarasing hyun | kadya tan kêna wis | nutug raosing driya | tan wus kang andon asmara ||

--- 10 : 81 ---

9. Tan ana lir Jayèngragi | myang lêmbananing wong nonton | samya kêmba miyat tan liyan wus | Jèngraga asingir | ngenaningênani. tyasing kathah | kanyut dening swaranira ||

10. Wus tutug kang lagon dhikir | tamating nuskah ingaos | salawat atasing Nabi Rasul | sakulawarganing | alêlagon wêkasan | katam kang donga salawat ||

11. Nulya donga katam singir | dhikir Molud kang kinaot | kang amaca donga Ki Pangulu | Asradênta nênggih | aplalu numpa donga | ingkang nasib gantya-gantya ||

12. Santri kèh sarêng dènnya min | barung gumêrah swara wong | tamat (ng)gènnya donga Ki Pangulu | myang pra santri-santri | wus salaman sadaya | Kae Kidang Wiracapa ||

13. Nak Mangunjana dèn-aglis | ambênganira dèn-gupuh poh | sigra kang liningan nuding gupuh | mring sinomanèki | ingkang tinuduh sigra | amêdalakên asahan ||

14. Gotong-pat ingkang kêndhuri | salawe ambêng bot-abot | miwah lêladosan kang nèng ngayun | ambêng panjang giri | rampadan lam-ulaman | samakta sadayanira ||

15. Nyamikan binarkat sami | Ke Kidang wasanawacana. alon | lah wus kamadana kajadipun | anakmas ngabèi | majêmuk kirim donga | sung dhahar (n)Jêng Nabiyolah ||

16. Lan salamêting pangantin | tulusing oyod ngarondhon | lah wus donganana gya pandulu | santak andongani | tinampan ing wong kathah | amine ambata-rêbah ||

17. Nutug dènnya andongani | Ke Kidang Wiracapa lon | ngling suwawi samya tuturuh | hèh ngulu apa wis | bênêr kêpunganira | yèn wis warata Bismilah ||

18. Matur sampun sadayèki | sadaya sami tuturoh | (n)dan samya lêkas nadhah pikantuk | raosing pambukti | dhasar mêntas singiran | angêlih rosa amangan ||

19. Arame swaraning santri | kang kokoh jangan asèrob | ting krêcap kumrapyak ting kariyuk | kaecan abukti | tan cuwa lawuh kathah | anyamlêng panganira ||

--- 10 : 82 ---

20. Tan pae para priyayi | katêmbèn kêmbul sakèh wong | dadya amirasa sakalangkung | pikantuk abukti | tutug dènnira nadhah | luwaran samya wijikan ||

21. Ambêng wus kinèn anyarik | pra kasinoman agupoh | ngundurakên caosan sadaya wus | mundur kang ngladèni | ambêng kêndhuri samya | binarkat kèh pandumannya ||

22. Gêdhe cilik wus waradin | binuntêl anèng karoso | sawusnya samêkta para kaum | sadaya tur pamit | linilan sigra bubar | kumriyêg mulih barêngan ||

23. Gumrêdêg lampahing santri | nocol barêkat bareyot | wus kêmput sadaya wancinipun | pan wus lingsir wêngi | Ke Kidang Wiracapa | ngandika marang kang putra ||

24. Mas Wirancana Ngabèi | sêdhênge sami lêlêson | aripan ing benjang-enjang lamun | wontên tamu prapti | pênêt sami bubaran | samya umatur sumangga ||

25. Ke Kidang Wiracapèki | kundur marang gandhok kulon | Mas Prawairancana mring (ng)gyannipun |Lebih satu suku kata: Mas Prawirancana mring (ng)gyannipun. gandhok wetan nênggih | Jèngrêsmi maring langgar | Ki Wuragil Kulawirya ||

26. Ring pondhok kang pinaranti | lawan Nuripin tan adoh | kang kantun lênggah para kadang nung | maksih nèng pandhapi | samya tan ana nendra | mojar Mas Mancanapura ||

27. Niku wong niyaga sami | yèn wus padha mangan kang wong | lah akonên lêkas gamêlanmu | unèkna dèn-aglis | kang eca piniyarsa | anguyu jurudêmungan ||

613. Jurudêmung

1. Ki Wuragil Kulawirya | amiranti pondhokipun | saji dhadaharan tan uwus |Lebih satu suku kata: saji dhaharan tan uwus. Nuripin barkatira |Kurang satu suku kata: Nuripin barêkatira. laju pinangan ngathêkul | Ki Kulawirya ris mojar | dudu wong Nuripin iku ||

--- 10 : 83 ---

2. Sira suwene amangan | ukur mingkêt juju-juju | dene tan ana warêgmu | umatur sêmbari mangan | mupung wontên rêjêki gung | yèn lumampah ngalas |Kurang dua suku kata: 8a. sadintên tan gugut-gugut ||

3. Niki wontên winarêgan | parandene datan tuku | Ki Wuragil mèsêm muwus | dèn-age (ng)gènnira mangan | arsa sun-kongkon sirèku | matur yèn sampun anêdha | ngling saiki bae uwus ||

4. Kasuwèn lèhmu anggaglag | mêngko yèn wus gawemu |Kurang satu suku kata: mêngko yèn uwus gawemu. mangana manèh sirèku | matur kautus punapa | nauri undanganundangên. gupuh | si Asêm-sore rannipun ||

5. Nuripin lèrèn amangan | sarya angrundêlanggrundêl. gumuyu | wong lagi mangan dèn-utus | tan mikir ora ilokan | wus praptèng panggènanipun | angling (n)dika tinimbalan | ing bêndara dènnya gupuh ||

6. Kang tinimbalan gragya. mentar | wus kerit prapta ing ngayun | Ki Kulawirya amuwus | mareneya dèn-mangarsa | Ni Asêm-sore mangayun | Ki Wuragil mèsêm nabda | pijêtana sukuningsun ||

7. Nuripin ngalih mring (n)jaba | barkate ginawa mêtu | nutugkên pamanganipun | Ki Wuragil Kulawirya | sisiwo nêkakkên kayun | dhasar watak tan saranta | anggarap wong kang kinayun ||

8. Anutug sapolah tingkah | sadhengah malang maegung | nêlaskên sasukanipun | sadalu tan kêna bênggang | anjêntol tan kêna mudhun | kalangkung dening mirasa | rinasa salamènipun ||

9. Anjajah wong pira-pira | tan ana ingkang kadyèku | ing ngrasa pangrasanipun | Sêm-sore onjo priyangga | mila anutug sakayun | cipta pinèt bojo pisan | niyat ginawa ing besuk ||

10. Sêm-ssoreSêm-sore. dhasar nom nawang | wulanjar rupane ayu | pinanggih surasanipun | mulane Ki Kulawirya | anutug tan etung-etung | saking karênaning rasa | sadalu dènnira undhung ||

11. Tan mêne panggêlakira | lingsir kongsi wêktu Subuh | dupi praptèng rasaning pyuh | anggadêdêr kalihira | bingung tambuh solahipun | kang wadon abuntangan |Kurang satu suku kata: ingkang wadon abuntangan. Ki Wirya kagèt anjumbul ||

--- 10 : 84 ---

12. Tuntasing kama wêkasan | sru sumêngkrang kraosipun | kumramyas panas kalangkung | ge-age pangluwarira | wadonne tinundhung mêtu | Ki Kulawirya jinabad | angungun sangêt gêgêtun ||

13. Kaborang dening walakang | kapupuh sakala abuh | mêrkotok pating palêmpuh | gêrêng-gêrêng karêngkêngan | nèng wisma kewala Subuh | karipan tan antuk nendra | dene guthul badhe pruthul ||

14. Ki Kulawirya ris mojar | Ripin mareneya gupuh | kang tinimbalan mangayun | umatur wontên punapa | angling kablaèn wak-ingsun | lara palananganingwang | anggrèwèl wong kae mau ||

15. Pan banjur abuh bêngkayang | kiye dêlêngên laraku | Nuripin sigra andulu | ngling u u apa ta apa | jarku apa yèn kadyèku | akowak dening kowèkan | jèh sampeyan awon nganggur ||

16. Lah kajêgur ing jêmbêran | têmahe bêngang abingung | yèn angsung irung garuwung | pundi kang katrajang ilang | yèn dhatêng ing suku kuthung | garumpung yèn dhatêng tangan | yèn dhatêng guthul paruthul ||

17. Lah niku sampun katara | konthol guthul ting palêngthung | sakite kados pinênthung | kalunthang angathang-athang | waune jêg lothung-lothung | kabungahên mênthang suthang | kacanthêng sakiting cênthung ||

18. Puniku badhe sakênthang | kênthang gêdhê plêntungipunplênthungipun. | Ki Kulawirya ambêkuh | tus tus wong kapara edan | (n)dakdak criwis nguwus-uwus | wong dikon (n)dêlêng kewala | anggigilani rinungu ||

19. Nuripin akacêmutan | Ki Wirya amuwus |Kurang dua suku kata: Ki Kulawirya amuwus. Nuripin priye budimu | apa kang ginawe tamba | abuhe saya gêng mêtu | larane nora kêjamak | ting pakênêng ting sarênut ||

20. Ki Nuripin aturira | kawula tan pati juntrung | sakit makatên punika | dèrèng nate kabêngangan | duga-dalêm jampènipun | kajawi kang damêl lara | kinèn nambani yèn purun ||

--- 10 : 85 ---

21. Tinêmpahkên jampènana | aran sakit saking ngriku | ajêng botên (ng)gih punika | Sêm-sore kang angusada | dimèn mantun sakitipun | lah ya undangên sadhela | nanging yèn ingsun andulu ||

22. Marang kang anggawe§ Prayoginipun / agawe /. lara | kudu tumiba tanganku | o lah puniku ta sampun | sakit mênawi prakara | toge sampeyan kang luput | pênêt pinupus kewala | sawêg ganjaran tinêmu ||

23. Ki Nuripin nulya mèntar | ngulati Sêm-sore gupuh | tan nyana kene§ Prayoginipun / dene /. wis mantuk | gya umatur tan kapanggya | angling wis aja kêruruh | mêngko yèn ana timbalan | mangarsa manggihi tamu ||

24. Ingong pêksane kewala | ning sira hya tutur-tutur | marang wong utawa matur | Nuripin mèsêm turira | inggih botên botênipun | mangkana enjang wus siyang | pêpak kang samya alungguh ||

25. Nulya Wirabajra prapta | mring (ng)gyanning Kulawiryèku | ngirit patadhahan munjung | matur ing Ki Kulawirya | kula punika ingutus | paduka ngaturan lênggah | manawi wontên têtamu ||

26. Lawan wastra sapanampan | Kulawirya aris muwus | inggih dhi Wirabajrèku | andika matur sandika | mangke kula maring ngayun | Wirabajra sigra mentar | nulya wong sinomanipun ||

27. Mring ngarsane Kulawirya | nyaoskên pateyanipun | Ki Kulawirya agupuh | adandan arsa mangarsa | ngandika mring santrinipun | Nuripin sira gaweya | bumbung ingkang tipis alus ||

28. Ngong gawe lapis planangan | supaya bisa lumaku | nulya ginawèkkên bumbung | tipis kongsi miyar-miyar | ing jro lapisaning pupus | pupus pisang gya pinasang | kinêluh kalawan lambung ||

--- 10 : 86 ---

29. Wus mayar raosing lara | dandan dhêsthar nyamping sabuk | wus prayoga pamèripun | lah payo Ripin mangarsa | kang liningan atut pungkur | mathênthêng Ki Kulawirya ||

614. Sinom

1. Yata kang anèng pandhapa | Kè Kidang Wiracapèki | Mas DemangDêmang. Prawirancana | Jayèngraga Jayèngrêsmi | lan Ki Kulawiryèki | pra ari katri sumambung | Pranjara Wirangkara | waruju Wirabajrèki | tinêpungan para ri ing Galèk-wulan ||

2. Kae Mas Mancanapura | Singabancana lan malih | Wirancana Wiranjana | Mas Mangunjana pamuncik | atarap anèng ngarsi | Ke Kidang Wiracapèku | katongton wibawanya | saupacaraning mantri | anaroja ing puri samaktanira ||

3. Tumbak tulup tamèng pêdhang | sanjata panuwak kêrbin | towok wargu winêgigan | datan pae Mas Ngabèi | Wirancana kadyèki | muktine kadya tumênggung | nèng Galèk tanpa sama | samining desa ngabèi | lir Ke Kidang Wiracapa Wirancana ||

4. Suyude kadang santana | pawonge myang magêrsari | sumungkême abandara | tan ana marêngkang siji | yèn nuju darbe kardi | aguyup panrayapipun | acakut barang-karya | lir sêmut anêmu manis | sêdya pèndèng tan ana lumuhing karya ||

5. Mas Dêmang Prawirancana | dènnira amangun-kardi | nèng karajan Lêmbuasta | tan kapalang sakarsèki | gamêlan siyang ratri | rong rancak anguyu-uyu | dhayohira sêluran | wong cilik jalu lan èstri | magêrsari parapat kalang sudagar ||

6. Praptane samya nyunyumbang | pangiring jodhangan asri | mèt warnane papanganan | wênèh lawan kêbo sapi | miwah manjangan kambing | bèbèk ayam lan ulam-luh | sarta lan jodhangira | samya nganggo-anggo sami | apameran saduwèke wong andesa ||

--- 10 : 87 ---

7. Anggili wong lunga têka | wong lanang marang pandhapi | angaturkên susumbang |Kurang satu suku kata: angaturakên susumbang. Mas Mangunjana nampèni | miwah susuguhnèki | wus rinukti adatipun | parèstri manjing wisma | katur ing Bokmas Ngabèi | Wirancana sarwi nyandhing pêti giwang ||

8. Busêkan solahing janma | kang nyumbang kang nglaladèni | sugata gagawannira | sêkul panganan lan sampil | kakalak lumrahnèki | kang samya ginawa mantuk | bêdhile sajêdhotan | tandhane kang nyumbang prapti | sinauran sanjata têngêranira ||

9. Ing tanah Trênggalèk lumrah | carane wong duwe kardi | wong numbang yèn praptèng dhadhah | samya ngungêlakên bêdhil | jajaran tumbak siji | kang kuwat puluh rongpuluh | iring jojolèn jodhang | jinanur kuning rinujit | nora ketang wong siji jolèn sajuga ||

10. Tumbak siji jajarannya | angrimong jarite kêling | lanang wadon salendhangan | saduwèk-duwèke sami | ingkang samoa sami | kêndhang gong kênong myang kêmpul | tinabuh turut marga | sing wetan lor kulon tuwin | kidul samya ting carêngkung saruninya ||

11. Ngiringakên jolèn jodhang | rajakaya kang ingiring | kêbo sapi kinalungan | tumbak binorèyan kuning | pan kinêndhitan sami | ing bênang abang sagêmuh | kang nyumbang anèng ngarsa | gêlung ginombyong ing kanthil | nadyan tuwa anom mangkono caranya ||

12. Nadyan wong lanang kang nyumbang | samya sumping kêmbang kanthil | kang bèrag angore rikma | kinêbakan kêmbang kanthil | kang sudagar myang tani | kang sugih-sugih kadyèku | dadya tontonan marga | praptèng sawah bêdhil muni | dupi prapta mangkana pitêmbungira ||

13. Lampah kawula satindak | ambêgan kula sadêmi | adhapur asung pasumbang | sapele tandhanipun sih | tempe dulang raryalit | lan rajakaya sayuyu | wulaning bèbèk ayam | nuli samya anguculi | bubundhêlan picis ing kandhutannira ||

--- 10 : 88 ---

14. Puniku amung sayatra | kula-aturi midèni | gya winilang patang uwang | ya bangêt tarima-mami | sawuse dèn-tampèni | binagèkkên lujêngipun | anulya sinunggata | gagawan kalak rinukti | pan mangkana wong sugih-sugih sadaya ||

15. Kang samya jolèn jodhangan | bèbèk ayam kêbo sapi | sumbange suwang rong uwang | patang wang kèh-akèhnèki | dene kang joli siji | dhuwitan sumbanganipun | têlung kênthang pat kênthang | wolung kênthang kèh-kèhnèki | pan wus lumrah mangkono caraning desa ||

16. Tan pae lawan wong lanang | pitêmbunganira sami | kaot sinêntoring arak | kèh mêndêm mulih tan eling | ana banjur angibing | wênèh akon nantang satru | lumaku ingadu prang | kang supe kèn amatèni | rinampoga lamun leleda ing karya ||

17. Kèh solahe bêbèngkrakanbêbengkrakan. | jalma nyumbang kang dèn-(n)dêmmi | ênting pirang lodhong dènnya | kinarya anyunyuguhi | mangkana Jayèngrêsmi | Jèngraga Kulawiryèku | ngungun dènnya tumingal | samya amicarèng ati | nora jamak sajake amamantonan ||

18. Tanah desa mawa cara | carane wong numbang sami | lanang wadon pang mangkana | gagamêlan bêdhil muni | sami suka ningali | Ki Kulawirya gumuyu | tumingal wong anyumbang | adhêmên nora kepenginkêpengin. | susumbange mung ukur suwang rong uwang ||

19. Ngling ririh mring Jayèngraga | ya ta lah wong kene iki | pan beda ing aku kana | Wanamarta tan kadyèki | tatane wong punapi | suwang rong wang sumbangipun | tan padha lan wong kana | kang kuwat-kuwat samyanggris | Jayèngraga sumaur nauri sabda ||

20. Aririh marang kang paman | kantênan sanès desèki | bumi pae paekannya | ing ngrika kalawan ngriki | ambakna sumbang kêdhik | yèn tinêkdir dulunipun | kathah ngriki anumbang | babêktanipun kang mawi | bèbèk ayam kêbo sapi lawan menda ||

--- 10 : 89 ---

21. Kalamun dèn-rêganana | liyane nyamikannèki | wontên pintên ta punika | kang paman nauri aris | iya bênêr sirèki | yèn rinêgan sumbangipun | Ke Kidang Wiracapa | mèsêm angandika aris | lah puniki adhi ragil Kulawirya ||

22. Warnaning tataning jalma | sadhèrèk-andika ngriki | êntrage yèn wontên karya | mamanton panumbangnèki | sampun adat naluri | tatane kang wau-wau | wikana ta ing benjang | yèn ewah tataning jalmi | yèn samangke kêdah makatên limrahnya ||

23. Ki Kulawirya turira | sarwi krêp aliyan linggih | katêmbèn kula punika | sumêrêp sadhèrèk ngriki | dangune ngong-raosi | lan putranta Jèngragèku | sadhèrèk kang anyumbang | sêmune ngrêsêpkên ati | kagèt kula sumbangan mung suwang rong wang ||

24. Samantên punika tiyang | kawilang kang sugih-sugih | kang miskin mung dhudhuwitan | kasaguhane tan kira | andhandhang bantên kardi | angandhêmi lêbur luluh | wuwus tan mawi krama | angoko-kinoko sami | Kae Kidang Wiracapa mèsêm lingnya ||

25. Inggih punika caranya | gêng alit tiyang ing ngriki | yèn sampun ngoko basanya | tinuwêka dèn-lampahi | datan angeman pati | wus mangkana pandumipun | tanah ngriki sadaya | dumugi ing Pranaragi | sapangalor mangidul Jipang Magêtan ||

26. Nanging mawi waragangan | sanggupe amatês pati | mila ingkang tidha-tidha | anyantri sambi mriyayi | nuli tan krasan nyantri | pangrasane santri sintru | kathah tingkah kacêgah | awigih wêgah nglampahi | amila hur têkabur êbèr bawera ||

27. Prawirane kaprawara | (m)badhidhig ingaran julig | abungah-bungah bêdêngah | tan kudu anyontra-nyantri | anyuntrut tan prayogi | angur mriyayi rahayu | kari kajèn karêgan | sasolah tan cêgah-cêgih | dadya jugar srengate samya maksiyat ||

28. Kapenak tan mawi sarak | sakarêp-karêp dumugi | Ki Kulawirya alatah | latahe sru uga ririh | karaos sakitnèki | Ke Kidang

--- 10 : 90 ---

Wiracapèku | mèsêm sarwi ngandika | kadingarène dhi Ragil | botên têtêp adhi (n)gyannipun alênggah ||

29. Ki Wirya nauri sabda | asakit kula puniki | wudunên wêlakang-ingwang | kados sawêg ambarèhi | agêng prênah (ng)gènnèki | kalangkung ing sakitipun | yèn sampuna jrih kakang | tan patos têgêl alinggih | angandika Kae Kidang Wiracapa ||

30. O yèn wudun trus sakitnya | adat mawi angatisi | kula-turi mring pondhokan | rêrêp sakalane sakit | Ki Ragil matur inggih | prasabên anulya mundur | Nuripin atut wuntat | Jayèngrêsmi Jayèngragi | samya mèsêm aningali ingkang paman ||

31. Binêtahkên lampahira | supaya tan ngatawisi | sapraptanirèng pondhokan | anjôgôr (n)dhodhok nèng siti | pulintiran anangis | ngulat-ngulêt ngodhah-ngaduhngodhah-ngadhuh. | gêrêng-gêrêng sasambat | adhuh priye kiyi Ripin | ngur matiya larane nora kuwawa ||

32. Nuripin wêlas kalintang | marêpêki mring Ki Ragil | lon umatur bok punika | bumbunge dèn-ulapi |Kurang satu suku kata: bumbunge dipun ulapi. ya karêpmu Nuripin | kang alon bae anjupuk | gya tali ingwudharaningudharan. | bumbunge ingambil ririh | lagya (ng)gêpok ing bumbung krasa sumêngkrang ||

33. Ki Kulawirya anjola | mucicil ngagaki bithi | hus trayoli kêna sèbat | sru têmên cokormu ngambil | sun-arahe pribadi | ywa (m)bêgogok anèng ngayun | Nuripin lon umentar | sarwi garundêlan ririh | wong diupagawe (n)dadak arêp mala ||

34. Wus karêpmu kono dhawak | awak-awakmu pribadi | ah hêng hèh nora sambada | andèkna pringas-puringis | Ki Wuragil ambêkis | (n)dadak grundêlan su-buntung | aja lunga wong edan | mreneya anunên iki | Ki Nuripin wêdi mèsêm-mèsêm mara ||

35. Bumbunge dèn-arah-arah | ririh dèn-ambil wus kêni | anggubêl bak dening jitah | kêlumut nanah wis mijil | Nuripin kirak-kirik | sarwi anampani bumbung | pupuse amêlendrah | lir linèmpèng upil-upil | Kulawirya sumlêngêrên dènnya mulat ||

36. Yata wau Jayèngraga | prapta mêngakakên kori | kagyat kang paman tumingal | lamun ingkang putra prapti | Jèngraga amarpêgi | marang kang paman andulu | o paman katiwasan | lah punika kadi pundi | Ki Wuragil anauri kaca-kaca ||

--- 10 : 91 ---

37. Sapuluh-puluh anakmas | iya ngong kudu bilai | nora amilih jalaran | ganjaran bênduning Widi | awite anuroni | si Asêm diblêgo-ngalu | basa wêtuning rahsa | mèh (n)tèk sumêngkrang sakit |Kurang satu suku kata: mèh ê(n)tèk sumêngkrang sakit. tyas-ngong kagèt ge-age manira lukar ||

38. Wonge brabat nuli lunga | sakala banjur ngabuhi | suwene sun nèng pandhapa | sun-bêtah-bêtahkên linggih | kinèn mundur kang bèi | nuli bumbung ingong jabut | iki rupaning lara | gabrès jitah nanah wuk-brit | nora bêtah larane tan lumrah-lumrah ||

39. Kang putra wlas mèsêm mojar | nyanaku wudun sayêkti | tan nyana wudun wadonan | ngacêmut mèsêm Nuripin | puniku kadipundi | inggih paman mangkenipun | prapta ing§ Prayoginipun / praptaning /. tamu kathah | paman tan sagêd manggihi | (n)dadak lara beka ana saba paran ||

40. Paman nabda sarwi waspa | yèn kadarus lara mami | sun-têtêdha ing Hyang Sukma | aywa kongsi bisa mulih | suka matya nèng riki | jisim-sun aywa ko(k)kubur | luwangênbuwangên. raganingwang | saking wirang-sun amulih | Jayèngraga myarsa linge ingkang paman ||

41. Kalangkung awlas tumingal | ngandika marang Nuripin | iku buwangên sukêrnya | priye akalira iki | rambangên nèng toya tis | dimèn luntur ingkang guluh | sigra rinambang toya | linturluntur. ing ngirih-irih |Kurang satu suku kata: lintur ing ingirih-irih. pinarêman ing tamba makjun cuciyan ||

42. Supaya bisa amêndha | sakite saking sakêdhik | nyampingira wus cinêngkal | kang putra ngandika aris | paman kula-aturi | sasareyan anèng kasur | supaya rêrêm sênggang | kang paman jinagan aris | rêngkêng-rêngkêng mèkèh-mèkèh lon lampahnya ||

43. (ng)NgalèyèhNggalèyèh. nèng pakasuran | ragi mêndha ingkang sakit | ing wanci têngange surya | wontên utusan pawèstri | matur mring Jèngragi |Kurang satu suku kata: matur mring Jayèngragi. paduka ngaturan kondur | ing rama-jêngandika | ngling paman kula mangarsi | anauri ya mangsa bodhoa sira ||

44. Agupuh Ki Jayèngraga | akondur marang pandhapi | parèstri kang olah-olah | mêne tamate ningali | pating karècêm sami |

--- 10 : 92 ---

rarasan dene abagus | kang aran Jayèngraga | mantune Mas Dêmang (ng)Galik | layak bae rara Widuri nubruka ||

45. Lajêng lênggah mring paningrat | nor lampahe Jayèngragi | wus andhèr kang tata dhahar | anganti Ki Jayèngragi | lênggah nunggil Jèngrêsmi | kang rama ngandika arum | kadospundi kang paman | punapa siyos ngatisi | Ke Ngabèi jroning tyas sampun anduga ||

46. Sinamun pangungunira | Jèngraga umatur aris | inggih wontên sangêtira | rayinta paman Wuragil | ngling malih ngancarani | andika kewala laju | ngaturan ing ibunta | manjing ing wisma abukti | Jayèngraga lumèngsèr mangsuk ing wisma ||

47. Alênggah tunggil ing garwa | nulya ingancaran bukti | Kae Kidang Wiracapa | tunggil ambêng lan Jèngrêsmi | Wirancana Ngabèi | pra kadang sarêng akêmbul | miwah laladènira | (ng)gyanning Ki Kulawiryèki | Ke Ngabèi ngancarani turuh asta ||

48. Agupuh ingkang liningan | (n)dan lêkas sami abukti | gamêlan munya rum raras | La-êla lon-lon angrangin | gêndhinge dèn-gêndhèngi | Bèr-manis manise nuntung | sarênge angumara | sarancak nyalupak sami | pênabuhe imbal ngapinjal sènggolan ||

49. Kang myarsa Bèr-manis munya | tyasira kudu angibing | saking sakecaning raras | panabuhe ukur (n)jawil | angênut-ênut ati | sinambi dhahar pikantuk | o enak tan kasêlak | angantêg-antêg kang bukti | Kae Kidang Wiracapa lon ngandika ||

50. Ing agêsang yèn sagêda | among momot ing sakalir | bawa solahing agêsang | tan ana dèn-sakuthoni | myang kang dèn-prasèjèni | lire basa kang kadyèku | tapakur marang Sukma | kang ngidhêp tan angidhêpi | myang sakalir mung sukur dandananira ||

51. Sokur wis tan suka bingah | lawan wus tan êsak sêrik | mring sarupaning agêsang | jalma sato miwah pêksi | myang rês-rês ing sabumi | sami titahing Hyang Agung | tan karêp lan§ Prayoginipun / tan /. siniya |

--- 10 : 93 ---

puniku kang dèn-wastani | among amot amung muhung dhawakira ||

52. Puniku tandha ngalamat | dadalan dadi udadi | wus prasèjèning Asya-a | pancade wong ahli luwih | Jayèngrêsmi nor-ragi | kêpêle ing ngantu-antu§ Prayoginipun / ingantu-antu /. | tanpantuk nadhah kathah | tuwuk myarsa rasaning ngling | wêwah ajêm kajatmikaning ngulama ||

53. Wus tutug dènnira dhahar | luwaran dènnira bukti | ambêng nulya cinarikan | nyamikan lumadyèng ngarsi | Ke Kidang ngancarani | wawi sinambi ing ngriku | pisang sigêging manadhah |Lebih satu suku kata: pisang sigêging nadhah. kang putra nuwun turnèki | pra putra ri samya ngalap sasênêngnya ||

54. Antara dènnya lênggahan | kang surya gumiwang lingsir | angatag salat ing langgar | adhangan Ki Jayèngrêsmi | pangulu modin santri | Ki Jayèngraga anusul | kadas makmum sêmbahyang | praptèng bakda Luhurnèki | wusnya pragat nulya wangsul mring paningrat ||

55. Lingsir kulon wancinira | wontên wong ngaturi uning | kalamun wontên dhatêngan | prayantun saking nagari | Mas Mangunjana gipih | mring kori amêthuk tamu | têngara ajêdhotan | jaba jro kang bêdhil muni | wusnya tundhuk ngaturan lajyèng pandhapa ||

56. Dyan Ngabèi Wijakangka | punggawa ing Pranaragi | abagus aprajuritan | anyuriga dhuwung katri | kering suduk rinukmi | apêpêthêt tudhung basu | -nandha jinamang renda | lumampah srigak mantêsi | gamêlannya munya Ladrangan barungan ||

57. Praptèng tritising pandhapa | Ke Kidang Wiracapèki | myang Mas Dêmang Wirancana | samya gupuh ngancarani | nulya dyan angabèi | amapan dènnira lungguh | tinut pra rencangira | binagya wilujêngnèki | amangsuli samya raharjaning krama ||

58. Mas Dêmang Prawirancana | angling mring Wirancanèki | ruktinên prayogakêna | rumate Kimas sirèki | kang liningan nulya glis | sugata pateyanipunpatehanipun (dan di tempat lain). | myang pamondhokanira | nulya atêngara malih | Mangunjana nulya mêthuk maring lawang ||

--- 10 : 94 ---

59. Dyan Bèi Wiryawijaya | lan Dyan Wiryadipurèki | kalih wus kèrit ing lampah | saupacaraning mantri | gamêlan anêsêgi | barungan pating jalênggur | wus prapta ing pandhapa | ingancaran samya linggih | binagèkkên wilujêng ing kalihira ||

60. Nulya na malih têngara | Mas Mangunjana nulya glis | amêthuk tamu kang prapta | sakawan saking nagari | Mas Bèi Wirapati | Wangsapati malihipun | Dyan Dêmang Malangdewa | Mas Puspalaya Ngabèi | prawira-pat kèrit-ing Mas Mangunjana ||

61. Bêdhile abêrondongan | têngarane tamu prapti | umyung gamêlan barungan | pangliking ronggèng kakalih | praptèng tarup taritis | ingaturan samya lungguh | nulya atata lênggah | gya malih têngara muni | ting jarêdhot Mas Mangunjana agêpah ||

62. Pipitu priyayi têka | lan garwa nitih turanggi | Dyan Ngabèi Mangunbrata | Dyan Bratawangsa Ngabèi | Ngabèi Jayapati | Mas Dêmang Jayabilaru | Mas Dêmang Sandipura | Dyan Sumajaya Ngabèi | lawan Radèn Puspagati maksih magang ||

63. Krakêt lan kang darbe kutha | keringan asor ngabèi | wus kèrit ing lampahira | prapta ingacaran linggih | nulya têngara malih | Mas Mangunjana agupuh | mêthuk tamu kang prapta | saking Kalangbrèt myang Rawi | Dêmang Ranujaya Dêmang Setajaya ||

64. Lan Dêmang Ranumênggala | tuwin Dêmang Ranupati | Dyan Dêmang Ranudipura | Dêmang Ranudikarèki | Ki Dêmang Ekamantri | lawan Dêmang Ranukewuh | Ngabèi Ranubaya | sasanga wus tundhuk kèrit | gumarudug prapta ingancaran lênggah ||

65. Binagya sabda wijaya | umatur mangsuli krami | wus tata palungguhira | alalante sadayèki | nulya Mangunjanèki | angatag sinomanipun | mêdalkên pasugatan | panginuman arak api | pirang goci lan cangkire anèng talam ||

66. Ing inuman wus warata | mundur ingkang angladèni | nulya pateyan mangarsa | miwah pamucanganèki | pra tamu matur aris | mring Mas Dêmang kalihipun | lêrêsipun punika | besanan angsal ing pundi | anauri Kae Kidang Wiracapa ||

--- 10 : 95 ---

67. Lêrêse botên besanan | sakalanipun ing mangkin | inggih wikana ing benjang | têpange sami sisiwi | sapuniki nujoni | putrane (n)Jêng Kyai Guru | pradikan Wirasaba | dhusune Wanamartèki | kang awasta (n)Jêng Kyai Bayi Panurta ||

68. Duk nènèmane dhèk kula | Ki Bayi kalawan mami | apan tunggil panêcêpan | saeka sabaya-pati | kang sami golong budi | wong sasanga tunggil guru | sami-samining mitra | mring kula kalangkung asih | kang kinanthi kinathik ing dalu siyang ||