Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

615. Kinanthi

1. Lah puniku putranipun | kang kalih pinuju kampir | saking tirakat lalana | awasta Ki Jayèngrêsmi | kang taruna Jayèngraga | lagya pinarêng ing takdir ||

2. Nèng ngriki ingambil mantu | jodhone Rara Widuri | dhaup lan Ki Jayèngraga | lan wontên malih satunggil | kang paman ran Kulawirya | kadang wragile kiyai ||

3. Ing mangke pamondhokipun | lagya kapambêngan sakit | pra tamu ngungun sadaya | tumingal mring Jayèngrêsmi | miwah maring Jayèngraga | rêspati sêmu priyayi ||

4. Kang tuwa jatmika ruruh | pasêmone cahya wingit | kapèncut ngambil mantuwa | kalawan Ki Jayèngrêsmi | kabèh osike mangkana | kang samya myat Jayèngrêsmi ||

5. Lan kang anom rêbut mangun | karone rêbut pinilih | Jèngraga pasêmon muncar | lungite amriyayèni | emane tan jênêng rangga | amêngku para ngabèi ||

6. Dyan Mangkubrata ris muwus | kèngêtan kula ing nguni | inggih (n)Jêng Pangeran Kutha | ngandika marang dyan patih | Wiryabrata kang timbalan | ingsun angrungu pawarti ||

7. Lèr tanah Wirasabèku | ana ngulama sawiji | pagunungan Wanamarta | durung cêtha arannèki | pan ana kasupèn-ingwang | jênênge ngong eling-eling ||

8. Iku wartane linuhung | ginuron pra ngulama lim | marono padha [pa...]

--- 10 : 96 ---

[...dha] pruwita | nadyan bupati pasisir | kèh nêcêp mring Wanamarta | sampurnane lair batin ||

9. Wancine maksih nom bagus | ginuron ing kaki-kaki | tuwa nom angalap bêrkah | ngulama miwah priyayi | malah kasêbut uliya | wus mêtu mangunahnèki ||

10. Kramate jalma linuhung | lagi rasane tyas-mami | kaya-kaya sun têmuwa | marang kang sinêbut luwih | kaya ngapa sun têmuwa | priye budinira patih ||

11. Paman patih aturipun | inggih katitik rumiyin | gethang yêkti kawistara | nuntên sumêne (n)Jêng Gusti | dening ature dyan patya | kilap wasananing mangkin ||

12. Punika kula nunuwun | paduka kang sampun dêling | inggih ing bab Wanamarta | dados kawula nujoni | sagêd umatur sung warta | mring paman katur ing Gusti ||

13. Pun uwa sampun adunung | Kè Kidang Wiracapèki | puniku rada balêjad | tan pati tuntuming warti | yèn kula gotèk duk kuna | maksih jajaka duk ngaji ||

14. Apisah kalane dangu | wus datan panggih-pinanggih | kongsi samantên putranya | kapanggih lagya samangkin | lawan putrane kewala | sasat wus sami kapanggih ||

15. Lan kakakakang. (n)Jêng Kyai Guru | puniku arinta kalih | pênêd sami awanuhan | kang pinarlokakên prapti | umatur inggih sadaya | nulya sami nêmbramani ||

16. Mring kalihe sang abagus | tur pambage ganti-ganti | winangsulan karaharjan | pakramèng basa mênuhi | Dyan Ngabèi Mangunbrata | wijiling wacana aris ||

17. Kapasang ing yoginipun | kadipunêndi kang yêkti | kang kawuwus wau nika | ninilang§ Prayoginipun / niniling /. titising warti | Jèngrêsmi nauri sabda | inggih kakang kang sayêkti ||

18. Kang sami angalap ngèlmu | ngulama lan pra priyayi | bupati pasisir ingkang | kadugi angalap ngèlmi | mring karajan Wanamarta | angguguru ngalap janji ||

--- 10 : 97 ---

19. Nanging wontên ninangipun | manawi salayèng warti | kang inangling (n)Jêng Pangeran | wancine taksih taruni | ing mangke kawula kilap | tan surup rujuking warti ||

20. Kang tatanya mêne ngungun | anggunggung sajroning ati | dhuh layak bae ta uga | kang kawêntara ngalêwih | barkat sudaning pawarta | kabar nom yêkti kang siwi ||

21. Iya ing kapandugèng-sun | Dyan Mangunbrata jrih asih | Jèngrêsmi micarèng driya | kasaliringan atampi | patute sinêngguh ingwang | baya kangmas Amongragi ||

22. Kang andon lalampah nglangut | tinitising kabar yakin | kajala kêna ing warta | (n)Jêng Rama lan Amongragi | durung patitising warta | dadya salaya ing mangkin ||

23. Têka mèsêm jroning kalbu | Jèngraga lan Jayèngrêsmi | tan pae graitèng nala | nalika tinanyan angling | kabar ngawag kabênêran | nanging ro sinêngguh siji ||

24. Mangkana danguning lungguh | ing wanci Ngasar wus akir | Kae Kidang Wiracapa | ngandika ris mring têtami | yèn wus sami aso ing tyas | kula-turi ring mapantin ||

25. Rèrèh ring pondhok karuhun | manira yun maring masjid | pra tamu matur nor-raga | inggih punapa rèh tuding | Kae Kidang Wiracapa | mring masjid lan Jayèngrêsmi ||

26. Jayèngraga datan kantun | Asradênta lan Nuripin | modin mantên samya salat | mring masjid makmum Ngasêri | tan cinatur rêkangatnya | kang mupit ana ing masjid ||

27. Yata wau ingkang lungguh | Mas Dêmang Wirancanèki | wacana ararakêtan | mring tamu tuwa nom sami | punika mantu-andika | kang taruna Jayèngragi ||

28. Sadaya mèsêm amuwus | kalangkung bêgja amanggih | mantu ngulama prawira | wandane angrêspatèni | pantês ingugung sakarsa | wus bêgjane Ni Widuri ||

29. Kang sagêd amomong mantu | kawula anjujurungi | Dyan Ngabèi Mangunbrata | lan Wijakangka Ngabèi | samya ngulungkên pasumbang | dhuwung saput ranti-rukmi ||

--- 10 : 98 ---

30. Puniku dhi kula angsung | padinan mantunirèki | Mas Dêmang Prawirancana | anuwun aturirèki | adarmi tampi kewala | putranta ingkang (n)darbèni ||

31. Kabèh pra mantri trilikur | samya sung pasumbangnèki | kaprênah nom miwah tuwa | mangarsa aganti-ganti | kang asung pêdhang kalewang | sanjata tumbak lan kêris ||

32. Pawèwèh ingkang amungguh | prayoga parabotnèki | wontên kang asung turangga | myang busana sarwa kêling | maesa lêmbu miwah kang | angsung èpèk bangkol rukmi ||

33. Kang asung sêngkang panunggul | turi rukmi ali-ali | mangkana sadayanira | ngangsungkên pawèwèhnèki | kang salat Ngasar wangsul (ng)gyan | -nira ing paningrat malih ||

34. Ke Kidang Wiracapèku | ningali santana mantri | angumbuk§ Prayoginipun / angumbruk /. pisungsungira | prayogi langsung di-adi | punika pambungahira | panadare atutuwi ||

35. Sokur sakêthi jumurung | kang samya (n)dhatêngkên kang sih | kang ingujar anor-raga | samya umatur minta sih | pan inggih barkah-paduka | sagêd sapala ngaturi ||

36. Padintên tan pati mungguh | sadaya punggawa mantri | mring Ke Kidang Wiracapa | kalangkung samya jrih asih | sabab sêpuh awunira | uwa§ Prayoginipun / nguwa /. maman ngakang ngaki ||ngadhi / adhi.

37. Mas Dêmang Wirancanèku | ngandika marang kang rayi | hèh sira Mancanapura | lan adhinira dèn-aglis | pisungsung atur nèng wisma | marang bakyunirèki ||§ Kirang sawanda, prayoginipun / bakayunirèki /.

38. Kang para ri ngambil gupuh | pisungsung kang anèng ngarsi | wong lilima maksih ngunjal | Ki Jayèngrêsmi ngling ati | ki besan tabon sêntana | paradhah watak priyayi ||

39. Kuciwa nora panuju | ing mangsa purwaning pikir | lagya madyaning apapa | kasaru kasru wong krami | bêgjane Ki Jayèngraga | kabancana ing dunyèstri ||

--- 10 : 99 ---

40. Mangkana têmbayanipun | Jèngrêsmi sajroning galih | mangkana kang sami lênggah | sakèhe para ngabèi | nuwun rèrèh ing pondhokan | linilan mundur sing ngarsi ||

41. Kaprênah panggenanipun | sadaya kang para ari | kang nèng jroning paregolan | miwah sajabaning kori | ramut gênah pondhokannya | rêrêbe samantri-mantri ||

42. Sinusulan ing susuguh | dhahar-dhaharan sumaji | myang suguh sukêt(?) tan kirang | miwah ingone pra jalmi | balêbah sêkul panganan | sadaya warêg waradin ||

43. Yata kang maksih alungguh | Ke Kidang Wiracapèki | ngandika mring putranira | punapa kinarsan mangkin | ing dalu tanggapanira | Mas Wirancana turnya ris ||

44. Sumanggèng karsa kinayun | pênêde tanggapanèki | prayogine wayang Purwa | matur inggih sadayèki | ngling mring Wirabajra sira | ngundanga mring dhalang ringgit ||

45. Si Gunawangsa bae wus | matur sandika kang rayi | nulya luwaran alênggah | samya siram mring pawingking | Jayèngrêsmi maring langgar | Jèngraga maring wismèki ||

46. Wau Ki Kulawiryèku | kang lagya sangêt asakit | kalangkung watir tyasira | sawungunira aguling | kagagas supênanira | wijiling sabda kang kèsthi ||

616. Mijil

1. Animbali santri hèh Nuripin | mareneya gupoh | kang inguwuh-uwuh mara age | praptèng ngarsa Ki Wirya ngling aris | ngong tuturi Ripin | mau wayah Luhur ||

2. Turu saliyêpan sun angimpi | iya ingkang katon | katêmu lan Jamal Jamil mrene | kaya patute lakune kampir | têtela dènnya ngling | pitutur maring-sun ||

3. Lah anutuh-nutuh pokal-mami | wèng-wènging lêlakon | pan mangkene Jamil ing tuture | sakit-(n)dika punika nyamari | namung sisip têmbir§ Prayoginipun / sêmbir /. | botên sagêd mantun ||

--- 10 : 100 ---

4. Rajasinga puniku niwasi | nêlaskên kang wutoh | nanging wontên punika sarate | lamun têgêl Kenthol anglampahi | sa-Allah yèn mari | sakit-(n)dika niku ||

5. Binalotongakên kapal èstri | yiniyatan godhong | wora-wari-bang sundêl-malême | pinipis kang lêmbut pinêrêsi | sinaringa nuli | binorèhkên guthul ||

6. Dimèn lênya supaya hya sakit | katanggoring adon | dèn-kongsi mêdalakên manine | lamun pan mêkatên tiyang èstri | kang wus luwas gêtih | ginarapkên ngriku ||

7. Yèn botêna lare prawan kêncing§ Prayoginipun / kênthing /. | dèrèng uning raos | nanging botên ilok pakantuke | sabab sakit ngalih dhatêng èstri | adamêl pênyakit | pênêd kapalipun ||

8. Sawusing mangkono nuli tangi | gya manira lunggoh | iku priye Nuripin bêcike | apa wong tuwa apa raywa lit | bocah winitawis | yèn wus kêlar êjun ||

9. Angur êndi wong kang luwas gêtih | lawan jaran wadon | Ki Nuripin macucu ature | kados wontên ing Wanamartèki | Ki Nuripin Macucu ature | kados wontên ing Wanamartèki |Baris ke-3 dan ke-4 diulang dua kali yaitu / Ki Nuripin macucu ature / kados wontên ing Wanamartèki / sehingga dalam satu bait berjumlah 8 baris; untuk konvensi tembang Mijil berjumlah 6 baris. sintên dèn-karsani | tan kapalèng kayun ||

10. Anèng ngriki lagya lagi-lagi | karsa rèyah-rèyòh | langkung sangêt punika sarune | lamun purun yèn botên dospundi | adamêl prakawis | mindhak wuwuh imbuh ||

11. Prayogine kewala kang gampil | bok kapal bêsaos | prandenipun kapal èstri dhècèh | ingkang botên susah nora-nari | suwawi ing mangkin | dalu luru-luru ||

12. Kapal kang cinancang anèng (n)jawi | satungal binêdhog | ning niwakên§ Prayoginipun / niniwakkên /. dèn-sêlang sêdene | Ki Wuragil mèsêm ngling ambêkis | hus ah ingong suthik | êmoh jaran kuru ||

13. Golèka kang lêmu akalimis | bokonge kang popor | iku mênèk yèn ngapenginake | dimèn têgêl tyasingsun ngramuhi | yèn ora kadyèki | gajêg nora maju ||

--- 10 : 101 ---

14. Matur bok sampun mawi amilih | ingkang popor-popor | jampi ngotên bok sakapanggihe | inggih mangke ngupados yèn olih | ingkang mênis-mênis | Ki Wirya amuwus ||

15. Kapindhone priye yèn turanggi | panggarape mêngko | nora bisa ngodor satêmêne | lamun tan nganggo panggalak èstri | supaya kapengin | bisane tumanduk ||

16. Ronggèng bae undangên sun-wèhi | opahe sakêton | iya amung sun-wudani bae | dimèn guthulku bisa atangi | puluh isin-isin | mulyanulya. ta bae wus ||

17. Ki Nuripin mèncêp matur aris | mangke dalon-dalon | kados pundi inggih karaose | punapa taksih sangêt kang sakit | anauri maksih | matongtong saya buh ||

18. Yèn larane rada penak thithik | nora cêkat-cêkot | mau kae bilah buh rasane | larane wus nglumpuk dadi siji | lir dèn-iris-iris | ting slêngkrang ting srênut ||

19. Nuli nakmas Jèngraga nambani | godhongan maring ngong | rada suda sathithik rasane | bisa turu dhat-dhatan wak-mami | wusing ngimpi iki | atiku tan (n)jêkut ||

20. Saya dhangan mari ting salêngkring | nanging saya aboh | Ki Nuripin mèsêm myat bêncolèng | o lah niku badhe amèdosi | ethok mawi sakit | darapon katungkul ||

21. Kirang sadalu êngkas puniki | ngagyatakên cêplok | ngêthok dalah konthole mak grèwèl | awis-awis tiyang sagêd urip | Ki Wirya ambêkis | wis wong edan taun ||

22. Lagi mangkene (n)dadak mêdèni | si Dipangan-potho | matur gujêngan mung saenggane | yata ing wanci waktu Mahêrib | Ki Kulawiryèki | rêngkêng-rêngkêng wêktu ||

23. Ki Nuripin tan salat mring masjid | salat anèng pondhok | Mangunjana lan Mangunbrajane | tata kêlirira wong angringgit | anèng kori lêmpit | kinajang barukut ||

24. Gamêlannya Bèr-manis kinardi | wawayangan mangko | dhalang Gunawangsa wus rinuktèn | nulya maju saniyaganèki | mirit linggyanèki | wayange pinanggung ||

--- 10 : 102 ---

25. Bakda Ngisa ing wancinirèki | para ri agupoh | tata pagêlaran linggihane | wus dinuga uruting palinggih | kang para ngabèi | agêng alitipun ||

26. Miwah badhe saosan miranti | tan ana kasompok | pinurwèndah ing pandam sewune | ting daluwang puputêran ringgit | sri kinêmbang ngrawit | ing ijo bang biru ||

27. Tharik amyang ubênging pandhapi | kalangkung sri tinon | tutuwuhan tan kêna lum kabèh | sinalinan kang awilis-wilis | tan anguciwani | nir kang saru-saru ||

28. Yata kang salat ana ing masjid | sabakdanya gupoh | samya mudhun saking palanggare | sira Ke Kidang Wiracapèki | Jèngrêsmi Jèngragi | pangulu pra sêpuh ||

29. Jalu lênggah ana ing pandhapi | lir saban ana lor | lawan Jayèngrêsmi nèng kilènne | Jayèngraga pra ari nêpungi | nulya Mas Ngabèi | Wirancana lungguh ||

30. Sapangetan sakadangirèki | jèjèr tan ana doh | Mangunjana kang tan kênèng linggèh | pangruktinira sabarang-kardi | sira Jayèngragi | ingaturan kondur ||

31. Marang dalêm gya lèngsèr sing ngarsi | prapta lênggah alon | Nikèn Widaryati lon dêlinge | lah Widuri ya bojonirèki | turana mangering | ring pagêdhonganmu ||

32. Ladènana busana sarwa-di | yun nêmoni dhayoh | lah suwawi anakmas dèn-age | andika busana kang prayogi | sakadar dèsèki | amanggihi tamu ||

33. Aywa risak wandane pangantin | tinonton pra wong-wong | Jayèngraga tan lênggana ing rèh | nulya maring pamireyan aglis | lan garwa tan kari | angladèni kakung ||

34. Anèng pagêdhongan Ni Widuri | nutup kori rêko | Ni Widuri dahat wulangune | marang kakung anggubêl minta sih | sih luluting rêsmi | dahat sangêting kung ||

35. Jayèngraga mèsêm angewani | de tan kênèng anggop | kandhih adrêngira asmara rèh | dadya kadho-kadho tyasira mrih | linging tyas wong iki | bangêt tanpa kusur ||

--- 10 : 103 ---

36. Nora angon wêktuning aguling | dêstun têmên uwong | tan kaopan panane ngamêne | manawine tan paja mênuhi | dudu sabaèki | kêrêpe ambêrung ||

37. Jayèngraga ginubêl ing rabi | sakêdhap netra-ndon | langkung pamurihirèng karêsmèn | Jayèngraga ngaya-aya kapti | kang rayi ginuling | -ngakên tanpa kasur ||

38. Karsaning kakung amung nyarati | mring kang nora anggop | gagêlakan wus praptèng gatine | kaluwaran Widuri ngukuhi | maksih angrêrêngih | dèrèng onjotipun ||

39. Ingkang raka mèsêm sêmu runtik | tan salumrahing wong | kewala mèh kawijil dukane | aluwaran kang araarsa. sarêsmi | Ni Rara Widuri | sangêt cuwanipun ||

40. Wusnya kalihe samya susuci | tinadhahan bokor | Jèngraga gya abusana pamèr | ngagêm nyamping prang-rusak kalithik | paningsêt cindhe jring | abara jênar byur ||

41. Arasukan bêlah-Bantên putih | kancing mirah kaot | arja kuluk kinanigarane | akris tinatah kinaturanggi | landheyan sinêmi | agagombyok dhuwung ||

42. Akakacu kumbaya kusta brit | sumping ron pinraos | akalpika tajug myang galigèn | jinêbadan ing garwanirèki | samya busana-di | wus samya linuhung ||

43. Ni Widuri mulat marang laki | jawil-jawil nyêthot | asasmita mumurèh kayun rèh | pamandênge lir sotyaning gangsir | tar kawawa mèksi | marang kakungipun ||

44. Jayèngraga mèsêm angarasi | sarwi ngandika lon | payo rara mijil wus kasuwèn | Ni Widuri nêdhêng anyênêngi | èsmu tan wèh gingsir | Jèngraga gumuyu ||

45. Guyunira nêbut jroning ati | setan andrêwolo | karêpanê apa dèn-plok bae | ambakna wong bêlisên tan eling | andimêr ngiyêri | ngêcut angêthiwul ||

46. Nulya samya mijil Jayèngragi | alinggih karongron | nèng jarambah ngarsèng bu kalihe | Bokmas Wirancana Widaryati | angungun ningali | marang mantunipun ||

--- 10 : 104 ---

47. Pra èstri myang bojoning ngabèi | tuwa nom andongong | mulat marang Jèngraga baguse | ya ta ingkang lênggah nèng pandhapi | tan adangu prapti | para tamu-tamu ||

48. Sadayane kang para priyayi | samya têpung lunggoh | nèng pandhapa jèjèr saurute | tuwa anom agêng alit sami | busana di-adi | papamèranipun ||

49. Mèrèt mubru sacaraning nagri | dènnya nganggo-anggo | tan ana ri pêpak sadayane | dhalangnya wus wiwit dènnya ngringgit | jêjêr Ngastina Ji | lakon Sèmar mantu ||

50. Mangunjana rakit sugatèki | parentah marang wong | kasinoman kinèn naosake | pamuncangan myang pateyanèki | ramut sadayèki | ing saurutipun ||

51. Jayèngraga mijil sing wismèki | cingak sakèhing wong | lir bupati solah prabawane | tunggil kang raka dènnira linggih | pra paman ngingsêri | angombèri lungguh ||

52. Obah sadaya kang samya linggih | samya gawok tumon | marang Jayèngraga ing baguse | kadya Pangeran ing Pranaragi | lir Wirun tinulis | tuhu yèn binagus ||

53. Para pamèr ingkang ambêsusi | wiragane êntong | kabajonging Jèngraga baguse | miwah jroning wisma kang parèstri | samya ting karintip | myating sang binagus ||

54. Wus mangkana dènnira alinggih | rarakiting jagong | pra ngabèi kangsèn kasukane | atandangan sapundhuhanèki | ingkang suka pèi | kècèk kêrtu dhadhu ||

55. Cina kaja sakarsane sami | sagolong sareyom | kang tan pundhuh pan caturan bae | ana mênêng kewala alinggih | kan sêm amamacit | kathah warnanipun ||

56. Tan wus winuwusên ing pandhapi | yata kang nèng pondhok | Kulawirya angusadakake | Ki Nuripin sasontên angrukti | angambil kudèstri | pinarantèn sampun ||

57. Tuwin nimbali ronggèng wus prapti | jinatèn ing wados | dènsisiwoni ronggèng Ni Grèpèt | dhasar kuning kalukaran tapih | ngalela kaèksi | nyunyunge arungkud ||

--- 10 : 105 ---

58. Winiwir-wiwir kang angrongkobi | gatraning puputhon | katêlahan ing pandam cêthane | wela-wela walakang malêngki | kapipit kalêmpit | popoking apupu ||

59. Ronggèng tan polah ing ngolag galigingolag-alig. | Ki Kulawirya non | marang ronggèng atutug ginape | karasèng tyasira asarêsmi | kang ngêndhorok tangi | eling gawenipun ||

60. Nuli binêkta ronggèng mring jawi | maksih ambolojod | praptèng gyanning jaran pinarantèn | angandika mring santri Nuripin | paran wus miranti | pitaya kinayun ||

61. Matur sarwi ngaturakên yiyit | kang kinarya nglunyon | payo sira mèluwa marene | matur botên kawula nèng ngriki | sampeyan pribadi | kaliyan bokayu ||

62. Lah wong pêtêng ngarah apa Ripin | payo ta marono | manawa na kuciwa prantine | blakan bae aja isan-isin | malah ya sirèki | kang minangka dhukun ||

63. Sasat sira ingkang ngusadani | iya laraningong | matur sandika kapêksa dene | atut pungkur mring gyanning kudèstri | karsane Ki Ragil | ambalabak kayun ||

617. Balabak

1. Kulawirya wus prapti ing pamipitan | ênggonne | wus akukuh kudêstri tan bisa obah | jaranne | Ki Wuragil mathòngkròng nèng bokong jaran | prênahe ||

2. Ingêndhukkên ing gêmbok jaran ngêlèntroh | guthule | talèdhèke gya rinangkul ingambungan | pipine | pan kinarya panggalak amrih tanginya | cêluse ||

3. Nguyêl-uyêl susu sarwi ngêlus-êlus | gêmboke | dèn-sisilak pan sarwi cinènêng-cênêng | gambrênge | dènnya ngothah-othah pan sadhengah-dengahsadhengah-dhengah. | pamriye ||

4. Dimèn sangêt manahe dènnya kapengin | pindhane | nulya ambêdêdêng tangi mangut-mangut | dhogole | gya tinamakakên marang gêmbok jaran | mak blêse ||

--- 10 : 106 ---

5. Angling ririh iki Ripin gocèkana | buntute | dèn-akukuh yèn ucul ambabit guthul | tan wande | wuwuhing larane dakarku kang mupung | ngodore ||

6. Nuripin pan kukuh anyêkêli buntut | bobate | bisa (ng)gêlur wus lunyu dening têtamba | mayare | nora krasa kinolonging lambe gêmbok | dakare ||

7. Panggalake talèdhèk tan kêna bênggang | si Grèpèt | pipi susu ciniwo aginogohan | nyunyunge | ngêsês-êsês ronggènge mèlu kepinginkêpingin. | wangune ||

8. Angling ririh dhuh Kenthol bok dhatêng kula | sênggane | kêdhap mawon kula pengin kagungane | rasane | dimèn suwe pangodhore mindhak wuwuh | ecane ||

9. Kae Kulawirya ngling apa mangkono | enake | matur inggih makatenmakatên. wawi cinoba | ginêntèn | Ki Nuripin umatur lo lo puniku | angalèh ||

10. Wis kantênan mêlêng-mêlêng eca pisan | si Grèpèt | yèn sampeyan mindhak wêwah babarpisan | blaine | niku botên prasasat lading panyukur | landhêpe ||

11. Ngling ah nora tau ambêngang-bênganiambêngang-bêngangi. | sabêne | nisthakake yèn cinacad ambêngangi | (m)bok jèjèl | ngling aêm biyang lae gèk mangsa iyaa |Lebih satu suku kata: ngling êm biyang lae gèk mangsa iyaa. sanggupe ||

12. Wus unine dadine (n)jêlomprongake | mangkene | lo lo sampun-sampun kula sung pêpemut | yêktine | gluwah-gluwèh anggrèwèl mangsa sandeya | kablaèn ||

13. Ki Wuragil saya rèpèh dakarira | tancêbe | gya ginêlak banène akalukukan | gêlure | nulya mêmpêng mrakinding makênêng mêtu | kamane ||

14. Mung sabrolan kewala tan ngudhal-udhal | wêtune | gya linukar dakare mungkrêt lir lintah | klumpruke | ilang ting prakinting mung kari pêrih |§ Kirang sawanda, prayoginipun / amung /. jêrone ||

15. Tanganira Ki Kulawirya kang kiwa | pan maksèh | anggogohi nyunyunge ronggèng kalêproh | agabrès | matur ah (m)pun

--- 10 : 107 ---

mangke ta tiyang asakit | raose ||

16. Inginggatan tangane galaprut ayit | ilêre | tan wèh lunga ronggènge anèng ngiringan | ênggone | Ki Wirya ngling lah Ripin uwis uculna | buntute ||

17. Gumuywa ngling ngong-wastani dèrèng rampung | ngègrège | dèn-uculkên buntute akirig-kirig | jaranne | hèh Nuripin sira angambila banyu | dèn-age ||

18. Nulya naosakên toya nèng pangaron | ngarsane | Kulawirya wong roro lawan si Grèpèt | lèdhèke | samyandhodhok lah Ripin dimrene sira | dèn-age ||

19. Tangane kang kalêprèh rada rêkasa | gatêle | pan kinarya malirit ilining guthul | tanganne | linothokkên marang irunge Nuripin | mak-leno ||Guru lagu seharusnya: 3e, mak-lènèd.

20. Ki Nuripin anjêngat niki punapa | mak-lèdrèg | lah yaiku idune guthul lan nyunyung | -nge Grèpèt | de tanganku rada gatêlên sathithik | rasane ||

21. Ki Nuripin ambêkuh u u arusuh | polahe | pan sakala gatêl irunge kinukur | sag-èsèg | Ki Wuragil angumbah guguthulira | barêsèh ||

22. Ki Nuripin angumbah ing irungira | ge-age | Kulawirya gupuh wangsul (ng)gène jaran | karsane | tanganira dèn-asab ing gêmbok jaran | nulya ge ||

23. Tanganira dèn-asabkên gêmbok jaran | marine | hèh Nuripin mreneya iki lo tamba | marine | lah irungmu ampêlna ing turuk jaran | bêcike ||

24. Dimèn mari irungmu nora mêrkotok | ningane | lamun nora mangkono blotongên bae | lo kiye | sarwi nguculi tatali ingkang wuri | palange ||

25. Ki Nuripin jinorogên garêjêgan | arame | pan pinêksa jinoroggên marang bokong | -nging jaranGuru lagu seharusnya: 3e, jarane. | pan katanggor ing buntut sigra pinêngkal | dhêngkule ||

26. Sru mak-gapruk (n)jêlèh sambat adhuh-biyung | sambate | bilah setan lara têmên kok mangkono | guyonne | mêngko uga sun sobyang-sobyangkên marang | wong akèh ||

--- 10 : 108 ---

27. Ki Wirya ngling lah iya-iya jajalên | sobyangke | dak-pênthungi cocotmu kang kongsi ngalèh | janggude | Ki Nuripin grundêlan sok anglarani | guyonne ||

28. Ki Wuragil Kulawirya angling malih | wuwuse | lah wis Ripin uculna jaranne iku | dèn-age | ya olèhmu ambêdhog mau ing ngêndi | jaranne ||

29. Mèsêm matur inggih pangulu Sradênta | kang darbe | wau akèn ngupados kapal kang lêma | turene | pan puniku inggih kapal lêlampahan | anggènne ||

30. Kula mêndhêt nèng kandhang tan wontên uning | tujune | Ki Sradênta wontên ngajêngan kewala | tan mulèh | lah kapriye olèhmu angulihake | mêngkone ||

31. Inggih dipun-culakên kewala ngriku | latare | ya wis mara tuntunên lah ulihêna | dèn-age | Ki Nuripin sigra dènnya nuntun jaran | lampahe ||

32. Gobar-gabèr tan mênêng-mênêng kikirig | jaranne | Kulawirya karasa dhanganing lara | sênggange | malbèng wisma lan ronggèng maksih winuda | blêjêde ||

33. Ki Wuragil rêmên ningali nyunyunge | mathise | sarwi tanya apa sira durung manak | de kuwe | maksih sarwa salêkak tan ana rênggang | kupênge ||

34. Mung grumbule kêkêncêng kaya kukuncung | anggawès | lêluntare isih anyigar panjalin | ingkême | Grèpèt matur msêm dèrèng anglampahi |Kurang satu suku kata: Grèpèt matur mèsêm dèrèng anglampahi. bablêngèh ||

35. Mila sabên tiyang angalêm nglangkungi | raose | Kulawirya tyase sumênut kapengin | mring Grèpèt | ronggèng matur lah cobi inggih sakêdhik | raose ||

36. Gumuywa ngling ah ora yèn lara manèh | mêngkone | lagi mari tatomba angrasa waras | sakiye | nulya Ki Nuripin sêgu-sêgu prapta | banènne ||

37. Ki Wirya ngling Grèpèt marêpa ing lawang | bênêre | ya sêmbari ngadêga bae bèn katon | sing kene | cinolokan ing dadamar mrih tetela | nglelane ||

--- 10 : 109 ---

38. Tinimbalan Nuripin sira mreneya | dèn-age | nulya mêngakakên ing lawang Nuripin | rêgèdèg | myat wong wuda nyunyunge kêtara gambrêng | jêmbrunge ||

39. Mak-cêngkelak anêbut dubilah setan | mênthule | Ki Wuragil alatah anon Nuripin | sêbute | wêkasaning panêbut nganggo amênthul | basane ||

40. Nulya kinèn tatapiyan ronggèngira | gya tapèh | Ki Nuripin tinimbalan malbèng wisma | nulya ge | praptèng ngarsa Ki Wirya maksih gumuyu | kêkêle ||

41. Ki Nuripin kacêmutan sêmu isin | ulate | angandika Ki Wuragil Kulawirya | wuwuse | hèh Garèpèt sun atakon marang sira | yêktine ||

42. Kaya wong kang (m)bêngangi iku kang apa | mawane | lah manira tuturana kang balaka | yêktine | mêngko sira sun-ganjar wang limang suku | kathahe ||

43. Ronggèng Grèpèt matur mèsêm aprasaja | wadine | lamun tiyang sampun watak anyakiti | sabêne | kathah mawon walêre lamun ginarap | jalêre ||

44. Botên kenging sarêngan mêdaling mani | campuhe | yêkti ambêngangi inggih lir sampeyan | sakite | lawan sampun anggarap yèn tangi tilêm | sakite ||

45. Yèn pinarêng sakite ngruntuhkên watu | adade§ Prayoginipun / adate /. | sampun mêksa tiyang ingkang botên purun | ing nganjèn | lamun sakit malênthing kadya sulêdên | malênyèh ||

46. Lamun (ng)garap sampun rêmên myating gêmbok | binênjèng | lamun nuju sakite bêngang amunjuk | sabênne | lan hya ngathah-athahakênngathah-ngathahakên. tingkah polah | kasuwèn ||

47. Nêlasakên rekane sadhengah-dhengah | bungahe | lamun sakit rajasinganên mring badan | kudhise | lawan malih (ng)garap aywa dèn-dhêngakkên | guthule ||

48. Pratingkahe jèngkèng ngêboti ing ngandhap | bongkote | pucuk guthul andêdêl bathuk kêkêmpung | prênahe | lir katanggor-tanggor [katanggor...]

--- 10 : 110 ---

[...-tanggor] tulang palanakan | pangglure ||

49. Kang puniku yèn pinuju sakit kathah | bêngange | guthul konthol mêtu yèn waras tinamban | angalèh | marang mata irung samya buh (m)bêrarang | sakite ||

50. Lamun waras tinamban bêngange ngalèh | abuhe | planjêr (n)duduk myang sadhengah abuhipun | ênggonne | mantun-mantun angalèh yèn sampun tiwas | cacade ||

51. Kadhang tiyang nuju pêsthi apês pêjah | umure | Ki Nuripin anjola gèdhèg anêbut | (n)dharindhilGuru lagu seharusnya: 3e, (n)dharèndhèl. | e e tobat aja katêma-katêmu | lir kuwe ||

52. Ki Wuragil mèsêm gagêtun angungun | driyane | sarwi muwus wong wiwitan bêngang iku | kapriye | Grèpèt matur awis-awis kang tan bêngang | brancahe ||

53. Kajawi kang wus uning paekanira | sarate | kang walikan ingkang tunggil tilêm mulya | lan lonthe | sumimpange wawalêr wau punika | rinêktèn ||

54. Yèn anggarap ywa mrih sakecaning ngèstri | garape | yèn èstrine amada botên sakeca | raose | kang makatên tamtu botên ambêngangi | adate ||

55. Sampun kêkathahên polah mênthang nyunggar | sirige | kêdah dipun-sajojorakên kewala | pupune | guthulipun sagêlêm-gêlême dhawak | tancêbe ||

56. Kang kapara mangisor konjêm tan kandhas | jêrone | lan kang botên karaos katanggor-tanggor | guthule | nadyan dangu sampun ngantos mêdal mani | kajênge ||

57. Kang makatên asring lujêng botên sakit | bêngange | sabab èstri sampun ngrasa tan sakeca | kêmbane | kajawi kang mawi sarat sakarsane | angègrèg ||

58. Samya mèsêm Ki Wuragil lan Nuripin | guyune | angling malih yèku kang ginawe apa | sarate | myarsakakên kandhane ronggèng si Grèpèt | crêmêde ||

59. Grèpèt matur uning kula inggih gampil | tan angèl | saratipun ulêr turi brambang jlantah | kinècèk | ingusapkên guthule ingkang waradin | konthole ||

--- 10 : 111 ---

60. Lamun tamban damêl sarat (ng)gih makatên | prantine | winastanan lisah cèlèng (ng)gih punika | yêktine | sawabipun ing sarat awis ing sakit | bêngange ||

61. Kruma tan tumama mangan guthulira | angêlèng | yèn kasusu jlantah kewala alothung | blonyohe | Ki Wuragil manthuk-manthuk pan anyathêt | ing gotèk ||

62. Ki Nuripin mèsêm e yah olèh gawe | kyaine | mandah apa wus wruh sarat ngiwut-iwut | peyore | Ki Wirya ngling yèn amuwusi mêngkonok | kobêre ||

63. Baya besuk modar ilang sêmbranane | Di-lèngèng | atatanya malih mring ronggèng si Grèpèt | gêmête | kang (m)bêngangi iku maune kêpriye | mawane ||

64. Kaya ngapa wiwite wong ambêngangi | maune | lah tutura Grèpèt kabèh sarandune | blakane | matur lamun kêrêp jinajah wong akèh | kang ngègrèg ||

65. Anom tuwa myang jajaka dèrèng pasah | anjèjèl | kêdhikipun yèn wus kambah wong salawe | watêse | inggih sampun kadhang ginarap nyakiti | bêngange ||

66. Sabab campuhipun kamane wong akèh | kuthuhe | barkat kêrêp tiningkah sakerah-kerah | jojoge | dados uwêlipun ing nglêbêt agudhig | -wêsine ||

67. Nèng jajambu tulang talanakan nginggil | ênggone | yèn ginojog sangêt lir gudhig kinukur | gatêle | dangu-dangu gudhige amêtu ilu | nêrècès ||

68. Tumamane ngêntèni wêtuning kama | karone | ilu campur ing kamane jalu èstri | nulya ge | kang mangsukingmangsuk ing. dakar dados sakit bêngang | wastane ||

69. Ingkang mangsup dhatêng ngèstri dados gudhig | tunggile | tiyang èstri awon yèn sampun anggudhig | tigang (ng)gèn | kang rumiyin manggèn jajambu kang nginggil tlanake ||Nomor 7 merupakan baris ke-6: tlanake.

70. Kaping kalih anèng uwêl kanan kering | gudhige | uwêl ngandhap ingkang datan gudhig-gudhig | dangune | kang winastan landhêp tan kêna ingambah | ampuhe ||

--- 10 : 112 ---

71. Lamun sampun makatên ênggènne gudhig | ampuhe | nèh yêktosi tiyang satêngah ginarap | tinakèn | kaya priye rasane kowèkan blotong | kapriye ||

72. Lamun matur ujêre akêri gatêl | raose | kang puniku utêre wong ambêngangi | adate | Ki Wuragil suka ing suruping atur | driyane ||

73. Ki Nuripin gawok malêngak miyarsa | juntrunge | lingnya êng wong uwis alim-alim guru | bakyune | nora nana wong wadon kaya bok Grèpèt | rèntèse ||

74. Wus mangkana Ki Wuragil mundhut arta | kathahe | limang suku pinaringakên mring ronggèng | si Grèpèt | kang sinungan nêmbah-nêmbah langkung nuwun | ature ||

75. Nulya kinèn wangsul mring panggonannira | waune | wus tur pamit rinilan anulya kesah | ronggènge | Ki Wuragil wus tingkas tan na karasa | larane ||

76. Wus rumangsa bisa mulih saking paran | mangkene | dene kanang lêlara waluya jati | ing tyase | suka bungah datan sah andhandhanggula | mulyane ||

618. Dhandhanggula

1. Lir punagi driyanira kadi | mina kasatan kalaban toya | gambiraya pasabane | nir kang prihatinipun | angandika marang Nuripin | ya ta lah tanpa nyana | yèn bisa gumuyu | nastitijab impening tamba |Lebih satu suku kata: nastijab impèning tamba. lawan barkahing luluhur kang ngwonèni | manulak pancabaya ||

2. Matur inggih Alkamdulilahi | punapa sampun asênggang pisan | dene cêsplêng tan ming-kalèh | Ki Kulawirya muwus | iya uwis larane mari | namung ijih-(n)darawas | tan pati kur-ukur | cêkêle wus kadya saban | pandungèng-wangpandugèng-wang. wus kêna kinarya linggih | jagongan mring pandhapa ||

--- 10 : 113 ---

3. Manirèki karasa yun bukti | sira munthutamundhuta. bucu sadhela | mring anak Mangunjanane | Ki Nuripin agupuh | mentar mundhut saosan bukti | Mas Mangunjana sigra | nuduh pawongipun | anaosakên rampadan | nuli kèrit mring Nuripin praptèng ngarsi | nadhah Ki Kulawirya ||

4. Lalawuhan tan ana dinimik | namung dhèndhèng gêpuk lan bakaran | lan paru tan ana manèh | dènnya nadhah pikantuk | nutug nulya luwaran wijik | ambêng wus cinarikan | sinungakên sampun | mring Nuripin gya amangan | lam-ulaman maksih wutuh dèn-ijèni | tanganne lir bonangan ||

5. Nora nana kaliwatan siji | ulam ladèn para tutumpêsan | padha bae pamamahe | kabèh kari kur-ukur | Kulawirya gumuyu angling | iki apa gilingan | apa bagor untu | wong amamah ora lumrah | kaya gunting pilang-pilang ora ail | sêmpal wange mamangan ||

6. Dêlah nyawane lumayu ngênthir | giris ragane lamun mamangan | yèn wis mangan bali manèh | nyawane wilang cumbu | lagi têka anggêndring maning | wong kasinoman samya | myarsa agumuyu | Nuripin ririh grundêlan | êndêlêna yèn gêgarap mêmoyoki | anyandra wong mêmangan ||

7. Wisuh sarwi kèn-ngundurkên aglis | gya ingundur marang kasinoman | tangane mêksih angranggèh | nyambi panggadhonipun | Ki Wirya ngling e e Nuripin | setan-alas idêran | sèwotên wong iku | lir tan kaopan jêjêlag | satingkahe wong edan ngisin-isini | dhulang jabloggêncaplokên. pisan ||

8. Ki Nuripin mèsêm dèn-dukani | matur kalong sapintên punika | maksih akathah tunggile | ingkang sami kinrubut | mêntah matêng kang maksih urip | jaganipun punika | kêndhuri sadarum | tan milih kang cicik cucak | Ki Wirya ngling wong gêmblung bisa madoni | ambêrung nora tata ||

9. Matur sarwi gumuyu Nuripin | botên sampun limrahing akathah | gadhah lêrês dhewe-dhewe | saya samya gumuyu | kang ngaldèningladèni. mulat Nuripin | wus mundur kang rampadan | gya dhadharan maju | sarta sapateyanira | sinaoskên mring ngarsa

--- 10 : 114 ---

tinata nuli | Ki Ragil Kulawirya ||

10. Abusana sarwa pinrayogi | nyamping kawung-gêng bratayuda |§ Gatra punika kirang sawanda, prayoginipun / baratayuda /. adhêstar parang-rusake | sabuk cindhe bang mungguh | arasukan sêmbagi putih | mèpèt kadya jajaka | ing wanci wus dalu | Ki Wuragil Kulawirya | wus busana ngandika marang Nuripin | payo marang pandhapa ||

11. Nulya lumampah lawan Nuripin | praptèng pandhapa anunggil lênggah | lan putra kang pinangantèn | cingak kabèh kang tamu | mulat marang Kulawiryèki | Jèngrêsmi Jayèngraga | mèsêm dènnya (n)dulu | Kae Kidang Wiracapa | langkung suka ningali marang Ki Ragil | alon dènnya ngandika ||

12. Punapa sampun sênggang dhi Ragil | sokur tan kalajêng gêrahira | Ki Kulawirya ature | barkah paduka nêngguh | anyawabi lêjaring sakit | gumuyu Kaè Kidang | Wiracapa muwus | mring sakèhing tamunira | (ng)gih punika kang kula-pajar duk wingi | pênêd samya wanuha ||

13. Matur inggih sakèhing têtami | samya nambrama pambagyanira | ing patêmon wilujênge | winangsulan kramèng yun | wiluyaning sih binasuki | susila ing pasoran | rahaping ngapagut | pra tamu micarèng nala | nora jamak santri sajake mriyayi | padha awanda-wanda ||

14. Kang sawiji iku nora pati | karsa nganggo kang sarwa nyar-anyar | nging cahyane sêmu dhewe | tan kadya roro iku | wus abagus paramèng kawi | solahe awiraga | amangun tumênggung | Jèngraga sang pinangantyan | mangkana ing pangalêmbananirèki | marang Ki Jayèngraga ||

15. Yata ing wanci wus têngah wêngi | Mas Mangunjana sigra parentah | marang wong kasinomane | kinèn mêdalkên gupuh | pangruktine saosan bukti | jinodhangan rinampa | linadèkkên sêlur | wus pininta kêmbulira | nyamikane cinarik sinung pêmburi | tinadhah pawong rencang ||

16. Wusnya ramut mundur kang ngladèni | Ke Kidang Wiracapa ngandika | nak Mangunjana pênêde | dhalange kinèn suwuk |

--- 10 : 115 ---

dimèn rèrèn ênèh ngingoni | sadhela ngong angalang | niyagane niku | kèn-muni gêndhing La-êla | lawan gêndhingira kinèn anggêndhèngi | enak padha arasa ||

17. Tur sandika kang liningan aglis | dhawah niyaga wus rinumatan | sigra muni gamêlane | lan ronggèng sindhèn ngungkung | Kaè Kidang Wiracapa ngling | suwawi wiwijikan | kang liningan gupuh | adan lêkas samya nadhah | Mangunjana parigêl ngidêrkên larih | arak-tape waragang ||

18. Wus dinuga dawêg ing ngalarih | madyaning atadhah ing inuman | winantu-wantu larihe | mi suka tadhah nginum | pra ngabèi pikantuk bukti | karasa winaragang | samyènggaring kalbu | rongèhing lalungguhira | ingkang cêthèk amurwaka purwakanthi | tur ta tar wruh ing kitha ||

19. Puspagati gambira dera ngling | adhi Mangunjana eman-eman | nginum arak nora èrèk | tan na kuciwanipun | gêndhingane wus dèn-gêndhèngi | kakondhanging wong lanang | nèng kalangan agung | anunggang ronggèng rinêngga | (ng)gih makatên dhi Mangunjana kang bêcik | gêr ginuyu ing kathah ||

20. Kè Dêmang Kidang Wiracapa ngling | nunggil sa-ambêng lan ingkang putra | Jèngrêsmi Jayèngragane | katri Kulawiryèku | sadayane samya ngalihi | Mas Dêmang Wirancana | pakêmbulanipun | dyan NgabèriNgabèi. Mangunbrata | lawan Radèn Wijangkangka§ Prayoginipun / Wijakangka /. Angabèi | cêlak lan ingkang uwa ||

21. Kaè Kidang Wiracapa angling | puniku dhi Ragil Kulawirya | kaelokaning Hyang lire | Puspagati puniku | prênah putu-misan lan mami | kalangkung kinasihan | ing pamagangipun | marang (n)Jêng Pangeran Kutha | sabab sarwa sagêd sabarang pakarti | atatas ing wicara ||

22. Tur ta datan sagêd maca ngaji | nanging sabarang layange bisa | paham satêmbung-têmbunge | yèn muwus lir wong putus | tur tan wruh ing aksara siji | mulane kinasihan | kèh pagunanipun | ngundhagi mandhe ngêmasan | andondomi mangun

--- 10 : 116 ---

ukiran angukir | anggêndhing bisa bêksa ||

23. Andhalang purwa gêdhog karucil | nganam-anam karya suri jungkat | myang bathik anênun ngantèh | karya jala ambubut | amarangi miwah angundhi | tuwin nanêgar kuda | katurangganipun | sabarang pakaryan bisa | pinaringan pangan binlanja ing Gusti | miwah sandhanganira ||

24. Samajade puniku asugih | suprandene tan bisa bêbêdan | sugih gawe tanpa gawe | tur niku tani yutun | tan botohan datan madadi | ngamungakên num-inuman |Lebih satu suku kata: ngamungkên num-inuman. ing sawawratipun | duk anèm tumêkèng tuwa | dènnya magang inggih Radèn Puspagati | kalintang musakatnya ||

25. Kang sinung-ling samya anor-ragi | sarwi ngantu-antu ing atadhah | dadya sami ngene-ene | wus sabên adatipun | lamun bukti sinambi angling | pinrih kêdhik antara | -nira atatuwuk | wus tutug dènnira nadhah | aluwaran ambêng cinarikan sami | sinungkên pawong rencang ||

26. Gantya dhaharan lumadyèng ngarsi | samya sasambèn sasênêngira | myang larih tan na anggo peanggope. | Jayèngrêsmi umatur | ing liripun kadi-punêndi | kaelokaning majad | kang wau puniku | kang rama alon ngandika | wikan lêrês lêpate pamanggih-mami | ingkang kadya punika ||

27. Kasugiyaning Kang Maha Sukci | jinaiskên marang kita sama | kawan prakara dununge | ingkang kinarsan sinung | kasugiyan dera Hyang Widdi | kang dhingin kasugiyan | ngèlmuning Hyang Agung | sinungkên mring kang kinarsan | kaping kalih kasugiyan Hyang Malêwih | kang muslim ing atapa ||

28. Sinungkên mring kang kinarsèng Widdi | kaping tiga kasugiyaning Hyang | kal-donya rajabranane | sinungkên kang kinayun | ping pat kasugiyaning Widdi | kabisaning pakaryan | sinungkên kang kinayun |Lebih satu suku kata: sinung kang kinayun. tan pae sihing Hyang Sukma | ngèlmu tapa donya kabisan pan sami | sinungkên kang kinarsan ||

29. Lamun ta maksih kita puniki | sinung kasugiyan sapanduman | saking salah sawijine | sokur marang Hyang Agung | maksih sinung pratandhaning sih | pintên banggi dhaupe | kasugiyanipun |

--- 10 : 117 ---

Jèngrêsmi alon turira | dhaupipun kawula nyuwun jinarwi | Kè Kidang Wiracapa ||

30. Angling (ng)gih dhaupirèng kadadin | kasugiyan kang kawan prakara | ngèlmi dhaup lan tapane | lir antiganing sawung | antigan kang upami ngèlmi | ingangrêm lawan tapa | amrih têtêsipun | kasidan marang kamulyan | mêngku rahmad karamad mangsa utadi | adi-adining titah ||

31. Kang punika titising ngaluwih | lir pamore têmbaga lawan mas | tan kenging lamun pinae | dadya suwasa mancur | tunggal sorot tunggal galigin | wusing saparipurna | -nira ing ajumbuh | saking kadhaupanira | wus tan ngaran tapa tan ngaranni ngèlmi | wus jumênêng karamat ||

32. Ngudi atur saprakawis malih | Kè Kidang Wiracapa lingira | kang saprakawis dhaupe | kal-dunya yèn wus dhaup | angling agni dèn-babayuni | agni pama kal-dunya | kabisan lir bayu | tuntume guna sarasa | satètèsan tumamèng pupuk kaywaking | ngobarakên wanarga ||

33. Tan ana kang kaduga mamati | pan dadine brama ingididan | baywagni pangupayane | ambrastha ing sawêgung | purna pari warèng wanadri | ngêningkên ing pinangka | kalih-kalihipun | wus tan ran guna sarana | kasidane si sikara kang sisiwi | santosa mêngku praja ||

34. Lamun datan makatên dhi Ragil | kang wus kawistarèng kanyata-an | kawula ing ngambagine | kang tapa datan ngèlmu | ing ngèlmu datan dèn-tapani | dadya karo kuciwa | lamban kalihipun | myang kang sarana tan guna | kang aguna tan duwe dunya sadêmi | wus ngamarat ing dunya ||

35. Tinimbang lan wong kang tan binagi | kasugiyan kang kawan prakara | malarat tanpa ngèlmune | lan tanpa tapanipun | tanpa dunya tanpa gunèki | angur kang binagiyan | wontên lothungipun | yèn sampun tan binagiyan | kasugiyan ing dalêm salah sawiji | sasat dèn wising Sukma ||

36. Jayèngrêsmi gumujêng aririh | miwah ingkang rayi Jayèngraga | Ki Ragil latah guyune | samya kapatuk kalbu | saking sukanira

--- 10 : 118 ---

myarsa ngling | Kè Kidang Wiracapa | ragya sru anguwuh | maring kang mêntas rinasan | e lah putu-putu Radèn Puspagati | punapa ing samangkya ||

37. Kang ginarap karsaning ing Gusti | kang liningan santak aturira | pun êmbah andangu mangke | pakaryan kula wau | karsanipun (n)jêngira Gusti | mangkya karsa gamêlan | salendro pinatut | mêndhêt nêmipun Paradhah | pelog lawan salendro nême sinami | kula kinèn anglaras ||

38. Lan andikakakên mangun ngukir | landheyan gêng katrap ing curigan | lan kinèn ngrapèhkên badhe | titiyan saking Kêdhu | pun Erawan dhawuk gêng inggil | kalangkung kinasiyan | ginêdhog nèng ngayun | tinêdhakan dalu siyang | dhawuhipun kinèn anggêlak tumuli | kinarya miyos watang ||

39. Liyanipun sasambening kardi | êmbah inggih kathah kewala |§ Gatra punika kirang sawanda, prayoginipun / akathah /. Kè Kidang mèsêm dêlinge | punika babaripun | ingkang putra umèsêm mèksi | Ki Wuragil guyunya | bisik-bisik muwus | mring kang putra Jayèngraga | yèku ingkang aran Radèn Puspagati | tuwompong basa êmbah ||

40. Mring kang Dêmang Jèngraga nauri | sadasa tiyang wus awunira | ya ta lah mulane kuwe | dangu dènnira muwus | wontên pawong èstri turnya ris | ngaturi Jayèngraga | kondur ing dalêm gung | anulya lèngsèr sing ngarsa | praptèng wisma Nikèn Widaryati angling | marang Ki Jayèngraga ||

41. Lah punika rayinta Widuri | wontên sakite tan sagêd lênggah | kula kèn-guling marmane | karaos sakitipun | sakitira Nikèn Widuri | prayogi pinariksa | anakmas sumusul | myat ari nèng pagulingan | Jayèngraga api gêpah matur inggih | batine mèncêp ewa ||

42. Gupuh lèngsèr maring jinêm-wangi | praptanira ing pagulingan |§ Kirang sawanda, prayoginipun / pagulingannya /. sinandhing kewala sare | Widuri taksih ngukruk | pangukruke atos kang ati | dangu tan panggyèng raka | tambuh

--- 10 : 119 ---

raosipun | abêbêg rêmêk tyasira | kadya lara sèwu mêtêk anêkani | wiyang puyang-payingan ||

43. Dupi kang raka prapta aguling | Ni Widuri lir wong kabêndana | luwar saking pusarane | cumêplong sukèng kalbu | gumaregah ngrangkul ing laki | kadhuwêtan gya-agya | alukar pipinjung | anggujêg minta asmara | Jayèngraga mèsêm ewa ngliring rabi | lah apa jêrku apa ||

44. Lara kaèmêngan (ng)gigilani | polahe lir wong kêna ing dalan | andèlamèh nora lèrèh | lir kucing nêmu tikus | cêk-wêl bae tan wigah-wigih | Ni Widuri ngrêrêpa | paworing ngalulut | Jèngraga jêlèh tumingal | anggung gawe ginujêg raina wêngi | ngorot-orot pinêksa ||

45. Kêthêmplèng-kêthêmplong anuruti | Jayèngraga salulut lan garwa | nutug sapolah-tingkahe | marambahi langkung yun | tan cinatur kang andon rêsmi | yata kang nèng pandhapa | eca dènnya lungguh | nginum sinambi kasukan | miwah ingkang sasêrètan kèh winarni | Kè Kidang Wiracapa ||

46. Ngliring sakèhe kang sami linggih | nak-putu-ngong tan mangêni karsa | punapa ing sakarsane | punapa sami mundur | kula-turi lalangyan arip | manira yun mawisma | wêktuning aturu | ingkang liningan turira | pan sumangga ing prayoginira mangkin | tan wontên kang sumêlang ||

47. Jayèngrêsmi lan Kulawiryèki | aprasabên mring pondhokanira | rinojong lumèngsèr age | Kidang Wiracapèku | lan Mas Dêmang Wirancanèki | samya mèlêbêngmalêbèng. wisma | miwah kang pra tamu | kundur marang ing pondhokan | salong maksih sinambi botohan sami | anêningali wayang ||

48. Tan winuwus tatasing aratri | bêdhol kayon wisan kang awayang | wus rinuktèn saopahe | kang para ri agupuh | nuding pawong rencangirèki | mamangun ing pandhapa | anyulami sapu | latar nulya rinêsikan | miwah kasah kang rêgêd dipun-salini | lampit kalasanira ||

49. Ramut sadaya dènnya mrayogi | pulungguhan tan ana kuciwa | Mas Dêmang Wirancanane | anèng sabênne lungguh | ingkang

--- 10 : 120 ---

bakda salat pra sami | anèng ing palanggaran | pan eca alungguh | Kè Kidang Wiracapa jar | marang ingkang putra kalih malimpingi | masalahing ngagêsang ||

50. Kang cinatur gunêming aluwih | kalêpasaning tyas mring kasidan | poking ngèlmu kakekate | anakmas kang binagus | ing ngagêsang kêdah nunggèni | angluluri kang wus man | purwakaning dangu | amung dununging panrima | ingkang dadya têlêng lautira budi | mèt marta parinpurna ||paripurna.

51. JayêngrêsmiJayèngrêsmi. umatur angudi | kadipundi inggih miradira | liring panarima mangke | kawula anunuwun | ing wuwulang (n)Jêngira Kyai | Kè Kidang Wiracapa | alon dènnya muwus | dununge ing panarima | namung budi tinokitakên kang suci | tan cambor ing Asya-a ||

52. Wus anungge marang ing sawiji | wijiling trang anggana musthika | ngèsthi waskithèng papêsthèn | kang pêtha kang tinêrus | tan rambatan èndha upami | tan minta tan pininta | tan ayun-kinayun | datan kanthi tan priyangga | lire tanpa kanthi talêmpik tan milih | tan angêntèni papan ||

53. Liripun tan priyangga puniki | tan mangeran marang niyatira | amênampêg kaanane | ènthèng kalawan wahyu | tan piniyat kumambanging sih | kang wus tanpa karana | kawisisèng wahyu | ingkang aran panarima | inggih wahyu dyatmika kananing kadim | asimpên ing kadadyan ||

54. Jayèngrêsmi apagutan kapti | ciptanya ge-age adungkapa | ing makaming panrimane | lir dhèdhère sinawung | parèpèyan dèn-mamacaki | miwah Ki Jayèngraga | kapasèng tyas ngungun | ngunandika jroning nala | kapan baya têkèng panarima mami | mimikaning pandaya ||

55. Jayèngraga lir parawan sunthi | anatmatèng ing crêmin winangwang | branti myat wawayangane | panggagasirèng kalbu | kadya gèya praptèng birai | Ki Wuragil tyasira | kewala angungun | tangèh (n)dungkap ing atampa | lon turira punapi wontên bedaning | trima lan panarima ||

--- 10 : 121 ---

56. Kae Kidang Wiracapa angling | tan pae ananging kinerata | nanging beda bênikane | mangisor lan mandhuwur | panarima maring panginggil | inggil wêkasanira | kalamun panuju | tarima maring mangandhap | kandhap wêkasane yèn pinujunèki | lire basa punika ||

57. Kang wus kalampah limrahing jannijanmi. | winèwèyan sandhang lawan pangan | kalangkung gêdhe trimane | ciptane wus bêgjèku | muga ana kang wèwèh malih | dak-trima kongsi ngayang | lêganing atiku | makatên kaprahing janma | kados kula ngarsa-arsa siyang ratri | pawèwèhing sasama ||

58. Lir wong cilik ngawula ing Gusti | ngarsa-arsa mugi ginanjara | arta sandhang lan pangane | kang tanpa krana iku | cipta tansah bruwun ing Gusti | ngalamat wong cilaka | pangawulanipun | utawa kongsi matura | nadyan canthèl atur anuwun paparing | saking karepotannya ||

59. Pangrasane wêlas gya sinung sih | ing Gustine katon kinasihan | têmah muwuhi repote | nadyan pikantuk sinung | gustiGusti. kucêm ewa ing galih | kawangwang sajêgira | kaêjising kalbu | dinok sor-soring kawula | panganggêpe Gusti lir ulêr (m)bungkêri | tumingal wong mangkana ||

60. Yèn kaplantrang tiwasing aurip | wêkasane dadya pèndhèk tangan | saking apês ihtiyare | lothung têmahan kathung | amba bathok ngathung nèng margi | trima picis dawiran | sak-êlêdan puluk | sasuwèk sandhang momohan | kacuthêlan mupus cipta canthing jali | cibukna ing sagara ||

61. Ya mung olèh saisining jali | kang puniku dhi Ragil wong nrima | jalar karêm ing pawèwèh | bungah trimah yèn sinung | yèn tan sinung tan wande ngêmis | malarat salaminya | tan têma-tinêmutêmu-tinêmu. | prasèjèn tanpa narima | datan arsa minta pawèwèh sasami | wawadul karèpotan ||

62. Kaplantrange ing panarimèki | lamun darbe melik nambut-karya | lamun winèhan awèwèh | tan ngilang-ilang surup | datan labêt watak nunani | lamun ana pawèhan | rob pamalêsipun |

--- 10 : 122 ---

lumuh kamalan lan cidra | lalu wèwèh ngamal pinrih jaring tinggi | tan arsa pèndhèk tangan ||

63. Tiwasing panarima kadyèki | maksih prawira traping agêsang | patine plês abuburoh | pinilalah mimikul | lalu lampus tan sudi ngêmis | muringis nèng ngarêp lawang |Lebih satu suku kata: mringis nèng ngarêp lawang. yèn suwung balurut | Ki KalawiryaKulawirya. alatah | Jayèngrêsmi Jèngraga gumujêng wadi | kawangwang marèng titah ||

64. Kidang Wiracapa angling malih | puniku dhi Ragil Kulawirya | trima panrima dununge | apan datan tartamtu | dene gêdhe kalawan cilik | lagi kang manirojar | wawadhaganipun | yèn wus watak pèndhèk tangan | wong acilik dubruwun ngêmis ngêndhih sih | yèn wus sinungan lunga ||

65. Datan wontên trimaning sadêmi | mring kang asung kang akarya pangan | Pangeraning alam kabèh | mung sok olèh aluwung | kang mêkatên sukêring janmi | rucah bangsa ibadah | sanadyan wong agung | karêm mundhut darbèk wadya | saturute priyayi sêring mêndhêti | darbèke pawong rencang ||

66. Wus kabangsa lan jalma kang nisthilpnisthip. | ywan wong agung olah pèndhèk asta | narik ing ka-apêsane | tan na ngêmbani wahyu | raga mukti ati sor juti | kang watak sirlinapgang(?) | puniku tan arus | tinggal jênênging utama | tan tinêmu eman sinêbut priyayi | budine andêdilat ||

67. Kang ngong-tuturkên kula pribadi | datan wajat polèh ring utama | mung-mung rèh rèmèh gêndhingkrèh | batèh nêmpêg gêrèh wruh | têlung glintir dèn-dhèh-dhèh kêni | Ki Wirya saya latah | myarsa banyolipun | asor cucuting adhalang | sarwi angling lo nyanggup Kenthol Nuripin | gawemu milang lawang ||

68. Iya inêndur-undurêninundur-undurên. thithik | matur kantênane yèn tinimbang | ngling timbang priye bacute | matur kêsupèn wau | sarwi mèsêm ulat nyêlori | samya ginuyu kathah | dènnya ngampêt atur | Kae Kidang Wiracapa | gujêngira sarya ngling angancarani | lênggah marang pandhapa ||

69. Samya kering mudhun saking masjid | mring pandhapa tamu wus mèh prapta | pan sadaya mudhun age | ngancaran kinèn

--- 10 : 123 ---

lungguh | sigra wangsul mring (ng)gènnirèki | tata samya alênggah | pêpak sadaya wus | wacinjangwancinjang. pênthèring surya | Kae Kidang Wiracapa ngandika ris | marang Mas Mangunjana ||

70. Pênêde yèn wus ana miranti | eca madhangan sarapan enjang | kang sarwa ngêt anyarane | Mas Mangunjana matur | inggih sampun rimat sasaji | kinèn angêdalêna | Mangunjana gupuh | anuduh wong kasinoman | kang tinuding sigra naosakên aglis | rampadan marang ngarsa ||

71. Tan kalèru pangetangirèki | langkung asri ulame mawarna | samya angêt sadayane | wus mundur kang mangayun | Kae Kidang Wiracapa ngling | suwawi wawantingan | kang liningan gupuh | adan lêkas samya nadhah | datan ewah lir sabên kêmbulanèki | pikantuking panadhah ||

72. Gamêlanira munya ngrarangin | gantya munya ngroras§ Prayoginipun / ngrolas /. gongan sèwang | salendro lawan peloge | ronggèng Grèpèt lan Mênur | kang (ng)gêndhèngi ladrangan ganti | kang nabuh lêlirihan | kalênyêt anganyut | ing raras padha karasa | karya imbuh kamyatan ingkang abukti | tanak nora kasêlak ||

73. Mangunjana tansah angidêri | anglarihakên warak waragang | mawantu-wantu larihe | tan kêndhat idêripun | Jayèngrêsmi lan Jayèngragi | katri Ki Kulawirya | salang gumun (n)dulu | myat bangsa ing Panaragan | doyan arak larih dèn-padhakkên warih | tan wuru wurukanya ||

74. Wus kinarya lalabing ngabukti | arak api tampo lan waragang | ginênti lawan ulame | gantya wuwusira sru | ana ingkang katlangso angling | dyan Puspagati mojar | kula kamipurun | sumarwo nyuwun aksama | dhumatêng ing Kae Mas Kulawiryèki | (m)bok suwawi lariha ||

75. Kewala sapindhah pratondhèng sih | Ki Wuragil anjola sinabda | Jèngraga mèsêm myarsane | Jèngraga agumuyu | winor angling sarwi anjawil | tiwas blai (n)jêng paman | dèn-jak uyup-uyup | sami sasruputan edhang | Ki Wuragil gumuyu gupuh nauri | inggih putu ngong trima ||

--- 10 : 124 ---

76. Pasihane kang dhatêng pun kaki | kula amung tatênèh talangan | nginum mring pun putu dhewe | kang sainum pun putu | kang sainum sumurup mami | duduh kalih inuman | sisan ngriku putu | gêr ginuyu ing akathah | Kae Kidang Wiracapa gumuywa ngling | bisa nanduki basa ||

77. Kang punika nak-mas Jayèngrêsmi | pratingkahe wong kang mêndêm arak | tan ringa suba-sitane | wus nir kawatiripun | manah wantah tan sangga-runggi | kêndêl bae tan mamang | barang kang winuwus | tan ketang thêl tinugêla | tan was-uwas saking wanèh wanuh wani | tyase wong mêndêm wragang ||

78. Ewêd lan anèng êndême dhikir | kaot wong tidha-tidha dhikiran | tulus gèla-gèlo bae | tan tumêkèng (n)dêmipun | kang têkèng (n)dêm êmoh sathithik | kudu akèh kêtha-a | ing pandhikiripun | mêndêm arak (ng)gih kadyèka | tan yun kêdhik kêdah kèh panginumnèki | jatine (n)dêm panikram ||

79. Putra kalih myarsa anor-ragi | antara nutug kang samya nadhah | wus samya turuh astane | luwaran sadaya wus | cinarikan ambêngira glis | sinungkên pawong rencang | -ngira kabèhipun | wrata warêg malah (m)brêkat | ting kalêncar mulih pondhok nganti gusis | pyayi ye tanpa rowang ||

80. Nulya dhadharan lumadyèng ngarsi | wus samakta andhèr sri sarwa na | sangkêp kang tinakokake | cinarakkên ing tamu | samya ngalap sasênêngnèki | Kè Kidang Wiracapa | alon dènnya muwus | nakmas Dêmang Wirancana | punapi kang kinarsan tanggapanèki | sugatèng tamu mangkya ||

81. Matur putranta pun adhi-adhi | nanggap uju sabên siyangira | dalu nayub prayogine | sarwi nolih amuwus | mring pra ari tanya kang ringgit | sapa kang sira undang | ronggènge kang mungguh | matur Mas Mancanapura | rinta Wirancaka wus utusan wingi | ngundang ronggèng pun Gêndra ||

82. Nèng Kalangbrèt lan utusan malih | ngundang Madu nèng Pulung-lumba |§ Kirang sawanda, prayoginipun / anèng /. mung ro punika kang sae | dyan Wiryabrata

--- 10 : 125 ---

muwus | sarwi mèsêm marang kang rayi | adhi Mancanapura | sun tutur sirèku | pa kira dyan Puspagatya | iya sangu talèdhèke apêrmati | pun Teki wastanira ||

83. Yèn aja-a pun anak Puspagati |§ Gatra punika kêkathahên sawanda, prayoginpun / Yèn aja-a anak /. kang anggawa yêkti ora kêna | rada katêngên gawene | mara takokna gambuh | Mas Mancanapura nulya ngling | inggih nak Puspagatya | sangu jontrot gupuh | kang liningan gumuyojar | inggih (m)bêkta awon-awon inggih Darmi | Kyaine Wiryabrata ||

84. Kang ngèbêki kula namung ngampil | Kidang Wiracapa nambung sabda | kewala mung padha duwe | pênêd sami thok êmbul | pan gumuyu sadayanèki | ngling malih paran samya | (m)bêkta sawung puyuh | upami sami ambêkta | sami ngirapakên lan nènèman mami | ngong dèrèng wruh damêlnya ||

85. Saur-manuk sadayanirèki | inggih sami won-awon binêkta | wawinèh pêndhêt marike | kang kinèn samya gupuh | nuduh rencang pating taruding | tan dangu sami prapta | puyuh lawan sawung | Kè Kidang Wiracapa jar | ngêndi unggyan kalangane kang prayogi | matur Mas Wirancana ||

86. Anjawi nèng tarub ingkang ngarsi | sampeyan pinarak nèng undhakan | sami nuduh pra arine | lah tatanên dèn-gupuh | kalangane glarana lampit | para ri tur sandika | tan dangu wus ramut | Kae Kidang Wiracapa | ngling suwawi anak-kula pra ngabèi | angalih lilinggihan ||

87. Kang liningan sigra mudhun sami | amapan lungguh kêpung kalangan | kang pra ari age-age | anggêlar kalasa lus | palênggahanira (n)Jêng Kyai | anulya lènggar ing (ng)gyan | -nira amangayun | Jayèngrêsmi Jayèngraga | Kulawirya sami tan lênggana rèhning | nut kang ngadarbe wisma ||

88. Narah rinèh tan lêngganing kapti | wus samya lênggah papan kalangan | Ke Kidang Wiracapane | alon dènnira muwus | Wirabajra pundhutên aglis | jagowanku si Modang | lan Gêmak di Balud | lan kowe padha amèka | jago gêmak mung dimèn padha ditandhing | nèng kono ing kalangan ||

--- 10 : 126 ---

89. Tur sandika Wirabajra aglis | samya nuduh amêndhêt bombongan | Wirabajra tan asuwe | kang puyuh sawung katur | ngling lah niku sami tinandhing | sapa kang (m)botohana | angadêg ingadu | dyan Wiryabrata turira | rencang-kula piyambak pun Amad Supi | kang pitados anggarap ||

90. Lan pun Alim-drêma kang prayogi | rencangipun dhimas Wijakangka | kalih punika jênggèse | tan wontên liyanipun | namung tiyang kalih puniki | Mat Supi liyan§ Prayoginipun / Alim /. Dêrma | ingkang sampun komuk | anjênggèsi ing kalangan | Kae Kidang Wiracapa gumuywa ngling | ya wus padha nêngaha ||

91. Wong kalih kang liningan mangarsi | anandhing sawung datan kuciwa | prigêl nêkêm pambobote | kinarya nandhing mathuk | liring mathuk datan ngêboti | tan kadhih ing sausap | otot balungipun | myang gring-warase tan inang | pangiringing napas tan iwir mèlèdi | wus anèng têkêmira ||

92. Angling Dêrma lan Ki Amat Supi | panandhingirèng sata satata | mêdharakên pigunane | panglamakira rampung | sinaoskên mring pra priyayi | tan wus sama ababag | rinamèkkên sampun | botoh kakalih turira | kang punika sampun (ng)gèn-kawula nandhing | sawung-dalêm pun Modang ||

93. Lan sawungnya putranta Dyan Bèi | Wiryabrata kang abrit pun Gramang | kang samya dinadosake | Ke Kidang mèsêm muwus | si Lim Dêrma bae (m)botohi | mring jagoku si Modang | ya wus pitayèng sun | nak Dyan Bèi Wiryabrata | kêkêdhikan kewala pangajêngnèki | sapantêsing kasukan ||

94. Dyan Ngabèi aturira inggih | amung gangsal èwu pangajêngnya | ngling kathah têmên niku dèn | umatur adatipun | pan salêksa pangajêngnèki | Dyan Bèi Wijakangka | anambungi wuwus | lah inggih kakang salêksa | inggih adhi salêksa punapa malih | mojar Mas Wirancana ||

95. Inggih kalih-lêksa angladosi | inggih adhi dados kalih-lêksa | gya samya rinayap ngakèh | kang sèwu kalih-ewu | pan sadaya tan ana kari | sami atêtêmpilan | kang satus rongatus | Kae

--- 10 : 127 ---

Kidang Wiracapa | gumuywa ngling lah ya satus bae mami | mangsa bodhowèng kathah ||

96. Babotohe abae pribadi | limang èwu kèh pangarêpira | Ki Kulawirya andowèh | ngungun asru umatur | inggih kalih lêksa punapi | nauri kang tinanya | dhi Ragil puniku | inggih kalih lêksa kênthang | lah puniki giyare sadhèrèk ngriki | limrah rêmên totohan ||

97. Matur inggih ta lah kang Ngabèi | kados botoh kakalih punika | tan sêmbada lan wujude | purun toh gangsal èwu | panganggone tan na majaji | mèsêm angling Ki Kidang | pan wus lagèhipun | botohan lumuh totohan | sarya nuduh mring Lim Dêrma lan Mat Supi | lah wus mara kirapna ||

98. Sigra sawung ingabarkên aglis | patang abaran sami tinoya | sawung pinakan karone | kinèndhèrakên sampun | ya kakirap kluruk salisik | gya ingadu antara | wus gulêt cul playu | aloke asumyak-sumyak | samya ajon-ajon bae Modang tuwin | bae mèlu si Gramang ||

99. Samya prêp-pinrêp gantya amilis | Modang Gramang jago lig-uligan | kêtanggor padha bêcike | katotohan yang-uyung | asor unggul amolak-malik | sigra manangkal wadhak | sru pamêrêpipun | mabrêg si Modang (n)jêrbabah | gêr gumuruh surake samya lok mati | cinandhak dinandanan ||

100. Samya binanyu jagonirèki | mung sakêbêsing kopoh kewala | rampung cukupan banyune | beda botoh kur-ukur | yèn ambanyu satimba ênting | tan kadya Alim Dêrma | lan Mad Supi punjul | jajègèsè wong ing kitha | bisa gawe tandhing kang tambuh pinilih | (m)bingungkên wong botohan ||

101. Wus tinêngga jagonira sami | gumêtêr wonge tohira |Kurang dua suku kata: gêtêr-gumêtêr wonge tohira. ngêtohake sor unggule | bancang roro têtêlu | ingkang dhompo pating karêkis | sawung wusnya tinênggar | nulya cul ingadu | karone kanggonan polah | Modang Gramang padha pangayêre miwir | garot pêcroh kalihnya ||

102. Pulêt pêluk gulu Modang pipil | Gramang kêna bênggang gya sinangga | mak-bêg kêna pok kupinge | lajêng anjêngat ambruk |

--- 10 : 128 ---

sêg gulinting sinurak angrik | alok yèn babar pisan | sèmpal ngalih wangmu | si Gramang sigra cinandhak | dinandanan nulya samyating toyèki | kinirap gêloyoran ||

103. Kang totohan kumruwuk ting§ Prayoginipun / ding / [sudah benar: ting, yang artinya sambil secara bersama-sama]. tuding | gênti ngênêm molu anyadasa | jênggèse nadhahi bae | jago unggul aunggul | yèn jagone asor dèn-sori | Mad Supi Alim Dêrma | karome kadyèku | angrampêt wong sakalangan | tan nampik toh sami tan nêdya ambalik | tohira tan petungan ||

104. Jayèngrêsmi miwah Jayèngragi | kadya wong nora bisa pinêksa | buntu tan kabuka tyase | myat botoh ngadu sawung | kewala mung ngecani kapti | narah mring kang aomah | tan katarèng sêmu | kang tohan tantang-tinantang | jagonira wus takat ingêdu sami | sampun rêmpu kalihnya ||

105. Datan pati agitik-ginitik | kothal kathèl têlas pêrêpira | mung kari aloke bae | surak asru gumuruh | ting jarêlih wong ngucap sami | mara ta age Modang | elinga gawemu | bangêtana sapisan kas | bae nuli mak cêlulu ambalêjis | loking mungsuh tan beda ||

106. Mara Gramang kurang sathithik |§ Kirang sawanda, prayoginipun / mung kurang sathithik /. mungsuhmu iku wus arêp minggat | bok sing sru pêrêpmu kuwe | babotohe aibut | dènnya (n)damu sarwi nêtêgi | cawukên bae Modang | mungsuhmu mèh mlayu | Mad Supi ngling bilih Gramang | tanggung têmên samplukên dimène posit | mungsuhmu mèh rêp moda[...] ||1 huruf tak terbaca: modar.

107. Pan wus bucêg jagonira sami | ukur sami gronjal pêrêpira | tan bisa munggah sikile | karone samya (n)jagur | bênthuk cucuk tan ana gitik | ngalêntruk tan (ng)galawat | samya lok pupuk-pur | Mat Supi anyipat tangan | Alim Dêrma korèke binuwang siti | samya jar nora nana ||

108. Sadaya agêgêtun tan sipi | Amad Supi lan Ki Alim Dêrma | samya angundur jagone | Dyan Wiryabrata ngungun | ketang sawungira kaswasih | Kè Kidang Wiracapa | angling sru gumuyu |

--- 10 : 129 ---

o bakal nora wêkasan | jago tarung yèn ijèh dèn-bobotohi | Mad Supi Alim Dêrma ||

109. Tan ana kang mênêng salah siji | sabab kapintêran botohira | botohe babotoh jênggès | mundhuk nglêburi sawung | tan ana kalah salah sawiji |Lebih satu suku kata: tan na kalah salah sawiji. botoh padha jênggèsnya | wus komuk pinunjul | mara ta ing kowe padha | atandhinga babusukan bae bêcik | anulya tatandhingan ||

110. Samya tandhing gya ingabèn aglis | sakêmbaran aloke wurahan | ramya kang toh sor unggule | molak-maliking unggul | Alim Dêrma lan Amad Supi | nadhahi toh anyarah | ing sor unggul purun | nanging wong sapakalangan | nora ana praduli nauri siji | tinambuhan ing kathah ||

111. Ana bocah sawiji kumaki | ran si Blungkang andrêgil totohan | ngêncring picis nèng kanthonge | toh asor ngalor ngidul | amrih ora kalah ing dhuwit | singa jago kang mênang | salah siji ngukup | acalak ngabyak totohan | nora kêna wong nantang toh dèn-sauri | kang gêlêm kang tan arsa ||

112. Dudu polahe kang bocah cilik | kumarêcêg aba nora sora | dak-apite dak-apite | lah lima loro unggul | dak têlune si Wiringkuning | asor rong cèt di-patta | ya kapatte unggul | apan sinauran dhawak | kasamuring kathah kang pating jalêrit | tantangan tanpa rungyan ||

113. Jagone Dyan Bèi Wangsapati | si Racun lan jagone Rahadyan | Wijangkangka§ Prayoginipun / Wijakangka /. pan si Sampe | samya ingadu jalu | sabêtane padha patitis | si Sampe kèh polahnya | mrapal bayar mundur | nusup grit gumaywang ngampar | Racun nganyêr marang cucuk ngêlap mipil | bangêt nyundha gitiknya ||

114. Yèn kacandhak si Sampe tan eling | Racun kangèlan pan dinêrêsan | tan kêna tutut suwene | karone wus kèh tatu | suwe-suwe si Sampe nikih | Racun kêna ginampar | bêt matane rênyuh | si Racun lumayu kalah | sru sinurak gumrah lir bêdhah dèsèki | babotohèbabotohe. ambapang ||

--- 10 : 130 ---

115. Sabab jagone krêp asornèki | nora nyana yèn tumuli mênang | gêdhigrahan kèh polahe | suka sakèh kang mèlu | surak banting ikêt angibing | sumbar wênèh angucap | mèh bae abrundhul | kalahe nora dadiyan | lèhku tohan malah bakal tombok jarit | mèh bae mulih wuda ||

116. Dak-pêng têmên nora molak-malik | tomboka bojo kae kapakna | jangji yèn tarung si Sampe | kang balik unggul gêtun | mojar jêbul kalah ngong iki | aku mau geneya | (n)dadak malik unggul | yèn aja-a balik mênang | Radèn Puspagati ngukup angêsoki | bolak-balikanira ||

117. Dèn-bêgajog mring bocah tinagih | pundi bayarane pikawon-(n)dika |§ Gatra punika kakathahên sawanda, prayoginipun / bayare /. wau angêpat limang cèt | Puspagati nêntak sru | hus dhèk kapan tan ngrasa mami | nora pêrduli sira | bocah edan taun | amêksa panggujêgira | nanging kait padha bocah anêksèni | nganggo mêncir wong tuwa ||

118. Ramya padu Radèn Puspagati | bêngak binêngok padu lan bocah | ngudêr nagih pundi Radèn | kawon-dika dhèk wau | pringas-pringis sarwi anangis | bocah kalima tuwa | barêng ngling gumuruh | (ng)gih dèn wau (n)dika ngêpat | kula ninga (n)dika ngêpat lan cah niki | limang cèt (n)dika ngêpat ||

119. Mêksa tan ngaku Dyan Puspagati | gumêdêr padu anèng kalangan | Ke Kidang Wiracapane | ngandika sru gumuyu | iku sapa bocah kang bêngkrik | padu lawan wong tuwa | ana kang umatur | inggih lare pun Balungkang | kang apabên anggujêg pamênangnèki | gangsal cèt dipun êpat ||

120. Dèn Puspagati datan ngakêni | mila gumêdêr dèrèng wêkasan | ngling bênêrana ing akèh | pra ngabèi umatur | lêrêsipun Dèn Puspagati | kang kawon pabênira | mring rare kang mrusul | akanthi saking andiyat | angling malih lah putu toh nèh kalahi | ywa pabèn lawan bocah ||

121. Matur inggih mandhêkêl kang ati | nuli dèn-soki sapuluh uwang | sarwi ngoso pambayare | lah nya wis kiye asu | bocah edan

--- 10 : 131 ---

gêlabro nagih | yèn ta nèng Pranaraga | tak-pêrung kupingmu | gêr ginuyu ing akathah | kongsi kamisosolên Dyan Puspagati | Ki Wirya latah-latah ||

122. Mulat Puspagati dènnya bêngkrik | kaduwêlan padu lawan bocah | têmahe kinalahake | Jayèngrêsmi gumuyu | langkung ngungun ewa ing galih | myat tingkahing maksiyat | wirang jroning kalbu | marang Hyang Kang Maha Mulya | datan urup tan arus lir Puspagati | cipta siniksèng donya ||

123. Nora pati nom-tuwaning wanci | wus cirine caraning ngarucah | cacak tuwa kadi rare | repot uripe korup | karêp marang budi sarani | mangkana osiking tyas | sira sru têpakur | tuwakup nalangsanira | kawawang carêmin ing Ki Puspagati | tuladha jalma tidha ||

124. Kae Kidang Wiracapa angling | têndhinga bancang têlung kêmbaran | dimène glis tarung kabèh | binandhung lawan puyuh | têka têlung tulang ya bêcik | mundhak ramyèng kalangan | nutug sukanipun | pundi rêmêne kinarsan | sawung puyuh niki nèh Balut tandhingi | yèn Lamak tandhingira ||

125. Kêkêdhikan kewala tohnèki | kang liningan gêpah tatandhingan | sawung myang tandhing puyuhe | Dyan Wiryabrata mundhut | puyuhira aran si Sawit | matur punika Lamak | kalawan pun Balut | ngling puyuh-kula anyêngka | botên Lamak pan inggih agêng pun Sawit | matur Lamak sangêtnya ||

126. Inggih agêng nanging kaot inggil | anggêr Lamak sangêtnya kewala | dhengah ron gêlas inggile | wus Lamak tandhingipun | lah (ng)gih dawêg kêdhikan sami | sapa nêmpil maring wang | pra ari biyantu | Wirancana sakadangnya | Dyan Bèi Wijangkangka myang Wangsapati | tumut Balut tohira ||

127. Mangunjana Wiryawijayèki | Mangunpura tumut Sawit tohnya | dadya limang lêksa kabèh | miwah papanthanipun | puyuh sawung wus samya tandhing | Ke Kidang Wiracapa | angêculkên puyuh | sigra tarung anèng tulang | rame gulêt si Balut lawan si Sawit | luwês kadya kitiran ||

--- 10 : 132 ---

128. Jajah anunjêl notog si Sawit | Balut mundur malanthong andhèyang | sinaut Balut andhêngklèk | tan pati olèh gulung | yèn ginulungakên nglangkahi | samya bangêt singsêt |Guru lagu seharusnya: 7a, samya bangêt singsêta. cacakotanipun | Balut kinukuhan wangnya | Sawit sinupit kinukuh anèng nginggil | dangu tan wiwal-wiwal ||

129. Tanpa rungyan gumuruh tulyasri | loking janma dangu babandhungan | lok gêmak lan lok jagone | kalah sinurak umyung | kanan kering wus salin tandhing | Sawit Balut sih ramya | sami atulipun | tan ana asor unggulnya | maksih bae-bae tohe kang ngajoni | gênti ngêpat tinantang ||

130. Yata wong (m)barang pangleran prapti | Mangunjana umatur ing raka | yèn wontên wong (m)barang teter | Ke Kidang nambung wuwus | wong pira kang ambarang panglir | matur tiyang sawidak | dados nigangpuluh | lah (ng)gih anak Mangunjana | binacutkên kewala kèn nuli wiwit | kang ujung papanglèran ||

131. Wirancana ngling lah wus dèn-aglis | kêkêndhênga ing nglatar kang jêmbar | Mas Mangunjana nulya ge | nuduh kèn-ngênthêng sampun | pinarantos samêktanèki | nulya kinèn alêkas | kang samya laujung | bêksa penjalinpênjalin. kinênthang | rong gêlanthe tatandhingan loro sisih | asiring wêdhung pêdhang ||

132. Samya ngrênggêp panjalin tinimbis | kiwa kinèdhè panangkisannya | sigra talu gamêlane | kêndhang ro kênong kêmpul | angklung gêntha sampyong gêng alit | anulya wit malandang | kang asiring wêdhung | bêksa ngagar sisiringan | ngèndha-èndha§ Prayoginipun / ngentha-entha /. kadi kêndhêla cacawik | maju mundur egêgan ||

133. Lêt sadhêpa wêdhung nèng panjalin | dadya patang wêdhung sakêcangnya | wang-wêng mèh thithik kupinge | kenging landhêping wêdhung | parandene tan mutawatir | nulya gamêlan santak | surake gumuruh | lor kidul agantya-gantya | samya alok ce-ce-bu-ce sadayèki | asiring sasabêtan ||

134. Rikat malumpat kalih (ng)gyanneki(ng)gyannèki. | ngetan ngulon liron siringira | sabêt-asabêt arame | tan ngênani ing pupuh | samya katadhahan [ka...]

--- 10 : 133 ---

[...tadhahan] ing tangkis | kêndhange dhungdhah-dhungdhah | klungcir mong-jur mong-jur | surake asasauran | barung lan suraking wong adu gora-tri | wurahan sumyak-sumyak ||

135. Ingkang kêna kasabêting pêndir | pêcah matane rênyêk irungnya | kadhang kang dawir kupinge | yèn umênang amupuh | sor kacurnan salah sawiji | ingundur sinalinan | rambahe kang maju | tan prabeda lan waunya | tandhingira lor kidul limalas rakit | lamun tan ana curna ||

136. Patang ajon sabêtan tan kêni | nulya gantya sinalinan rambah | dadya limalas rambahe | ana kang kongsi tatu | kang salamêt rambahing panglir | duk enjang praptèng siyang | wus warata kukut | Mas Mangunjana ambayar | ingkang kalih suwang patukoning jampi | kang mênang limang kênthang ||

137. Wus samya mulih barêng pra panglir | kang ngadu-adu jago lan gêmak | kalangkung rame aloke | bandhung-pat sawung puyuh | kalah mênang salin-sumalin | surake kang amênang | gêr-gêran gumuruh | ana jago rèmèh mênang | patohane wus dèn-sadhuwit-satali | arang wani asorra ||

138. Kang unggul mlayu kalih anggitik | botohe umbak bapang susumbar | mangsa nangga-amangga-a. si Gênje | mara baliya munyuk | (m)banting ikêt ngibing malêdhing | kang mênang kèh polahnya | ngece-ece cucut | bocah si Balungkang mênang | asor sakcèt pan sadhuwit di sêtali | anjogèd cacêngkrongan ||

139. Moyok ngisin-isin ngiwi-iwi | mring jago kang kalah jêrku§ Prayoginipun / jarku /. apa | jago jaga binasêngèk | ranne bae si Ruyung | jêbul bingung mlayu mak clili | mudani wong totohan | brundhul kalah unggul | baliya Ruyung dak-pindhang | jêr ulatmu padhang jingglang ora isi | mulane tinggal glanggang ||

140. Ambalêjês nglêburakên picis | samya ginuyu rowange mênang | kang kalah sangêt isinne | nêpsu asru amuwus | nake sapa bocah kumaki | samangsa dak-bêntura | malopor polomu | mênang [mê...]

--- 10 : 134 ---

[...nang] nora tulus mênang | calangkrakan nèng kalangan manas-ati | bocah edan kêparat ||

141. Kang samya kalah mèlu ngaruhi | si Blungkang iku lunga ing kana | aja anèng kalangane | mêngko blai sirèku | dèn-taboki wong akèh sami | hèh taboki sapa-a | wong wus lumrahipun | sanajan (n)dika yèn mênang | (ng)gih makatên brayang ngur kula sathithik | wong padha nèng kalangan ||

142. Nulya ngalih marang kulonèki | cêdhak (ng)gonne Puspagati mojar | bocah sing sok gabru kae | lo sanak sadayèku | ngong tan tohan kalih cah niki | aja sandhing lan ingwang | bilai sirèku | lunga sarwi garundêlan | wong padha nèng kalangan sasênêngnèki | (n)dadak anyingkang-nyingkang ||

143. Gya ngalih (ng)gon lagya mujurnèki | sasuwene nora kalah-kalah | kanthongan kêbak dhuwite | mênang rong reyal langkung | pawitane mung pitung dhuwit | ingandêl totohan |Kurang satu suku kata: ingandêl totohannya. babotoh kumrubut | satantange linadènan | ingkang tarung si Badhut lawan si Gêndir | Gêndir asor kewala ||

144. Tan bisa malês sadangunèki | kongsi têlung banyon gitikannya | si Blungkang toh unggul bae | mitu molu nyapuluh | akèh wani samya ngêsori | si Gêndir dangunira | sor tansah sinambut | botohe kêsêl anyandhak | andadamu lah wis (m)bok malêsa Gêndir | awakmu kongsi lara ||

145. Gya si Gêndir mipil gombèl iring | nangga adu arêp bêt (n)jêrbabah | si Badhut putung gulune | tangi gloyoran mlayu | tinututan pinêrêp aglis | jinujur gigirira | mak-brug sru kumauk | si Badhut kang unggul kalah | jago asor nora kongsi molak-malik | amalês laju mênang ||

146. Kèh polahe si Blungkang amringis | kêna sêbat jago nora pakra | diwalêsa pisan mak-brèl | sarya sok kalahipun | tokoh loro anggabro nagih | êndi kalahmu Blungkang | ko(k) mau nyapuluh | wong ro anggujêg barêngan | aku suwang iki suwang ta êndi glis | kalahmu rongpuluh wang ||

--- 10 : 135 ---

147. Si Blungkang sru sumaur ambêkis | dhèk napa kula tohan lan (n)dika | wong kèh mojar nutuh kabèh | dhasar bocah kêpaung | mau gabrah saiki mukir | kinalahakên kathah | si Blungkang macucu | asok sarwi parêmbeyan | wong tan tohan andadak dèn-dakwa wani | aja salamêt mana ||

148. Wus dèn-soki nulya kang sayêkti | mênang samya nagih mring si Blungkang | dèn-sokkên têlas picise | apan maksih wong têlu | dèn-sapuluh dèrèng dèn-soki | ginujêg bayarira | tan bisa sumaur | rêmbuge wong sakalangan | ginêbugan bae si Blungkang anangis | dene arsa pinala ||

149. Nuju ana kang wêlas nêbusi | Mas Dêmang Ranubaya ing Ngrawa | kang ngêsoki sakalahe | anyapuluh wong têlu | nêlungpuluh dènnya ngêsori | dadya sangangpuluh wang | dènnya kalah unggul | sawusira binayaran | binêdêran wong akèh Blungkang ingambil | mujang mring Dêmang Prawa ||§ Prayoginipun / Ngrawa /.

150. Wus têngange surya wancinèki | Ke Kidang Wiracapa andika | mundhut saosan dhahare | Mas Mangunjana gupuh | nuduh mring kasinomanèki | tan dangu wus samêkta | tinata nèng ngayun | ngancaran kèndêl sadaya | pra ngabèi samya nadhah nèng pandhapi | tansah midêr larihnya ||

151. Puyuh kang tarung Balut lan Sawit | maksih gulêt tan ana kasoran | toh anggung bae suwene | sadaya eram dulu | ing bobote Balut lan Sawit | barêngane akathah | tandhing roro têlu | Balut Sawit maksih ramya | dènnya tarung dadya lêlawuhing bukti | mulat gêmak tarungan ||

152. Kae Kidang Wiracapa angling | sasambèn nadhah dhi Kulawirya | ing agêsang tartamtune | sesa purwakanipun | lamun pênêt wiwitanèki | rahayu wêkasannya | pênêt kang tinêmu | pramilane wong asalat | kêdah ingati-ati ing dalêm takbir | betul ihkram pan ika ||

--- 10 : 136 ---

153. Pinrih pana cêngênge ing takbir | tibadil mirat munajad ekram | kang parêng mukaranahe | praptèng pandulu luhung | pangikising nugrahèng Widdhi | rahmat tanpa same-ka | makatènmakatên. kang uwus | yèn awon wiwitanira | wêkasannya yêkti awon kang pinanggih | sangsara sinikara ||

154. Sabab nimpang saking Dating Widdhi | titah satata lan satokewan | janma kang tan pênêt wite | papa pawingkingipun | apan tikêl sadasa kingkin | kadi ta si Balungkang | bisa anggêgatru | winalês ginabruhing lyan | mênang satus kênthang nuli sinambulih | sangangatus pinêksa ||

155. Wit mula amblilu kaki-kaki | mênang satak tombok awak mujang | lire puniku warnane | karya won purwanipun | kang liningan samya nor-ragi | kadi ta wong totohan | kakandhanganipun | lacut-lacute maksiyat | pangambile melik sarupa lan maling | anjujugil culika ||

156. Barang tinon angêmpakkên silib | wisa-wisaya akal pitênah | tan ngêmpakkên sablakane | tan ana kang kinalbu | pêcat budinya kang utami | tan duwe pangulatan | rahayuning tuwuh | budine mung rong prakara | lamun mênang bungah tuman tohan malih | mung katon nèng kalangan ||

157. Lamun kalah tyase nginggit-inggit | kudu buburu duwèk kang kalah | tan mêndha bobotohane | rinewang colong jupuk | lamun gontor ati amêsthi | cukule tyas culika | cilaka tinêmu | tumungkul kang ingujaran | dadya ondhe-ondhene tyas lir tinangi | antara dangunira ||

158. Aluwaran dènnira abukti | cinarikan sampun sadayanya | sinungkên pawong bature | waradin tan na kantun | gya dhaharan lumadyèng ngarsi | samya cinaran ngalap | kang liningan gupuh | anyamik sasênêngira | sarwi mulat tarunge Balut lan Sawit | kalangkung atulira ||

159. Samya (n)jêtung ngungun pra ngabèi | myat si Balut Sawit tarungira | tan kalah salah sijine | dadya samya angrubung | tinggal jago kang dèn-êtohi | sami ngampir totohan | asor miwah

--- 10 : 137 ---

unggul | si Sawit asor apitan | munggah bae unggul pati tibanèki | angêt plikêt sautnya ||

160. Yèn majahan si Sawit dèn-apit | kari dhuwur si Balut andhèyang | malanthong nyètèsi bae | dangu-dangunya tarung | kamlikikên pangrangsangnèki | si Sawit saya sayah | lumayu ambulus | nora tahan pinètèsan | Sawit (n)dhêkêm cucuk tumancêp ing siti | sinupak kalihira ||

161. Gya ingundur si Sawit tumuli | bêthêm abuh sangêt bocokira | kang myat wêlas sadayane | Dyan Wiryabrata gupuh | ambayari pikawonnèki | limang-lêksa sadaya | pan pangajêngipun | kajawi jon-ajonnira | apan kathah kawonne Radèn Ngabèi | miwah kang samya kalah ||

162. Pan dinum katêmpilannèki |Kurang satu suku kata: Apan dinum katêmpilannèki. Ke Kidang Wiracapa ngandika | puyuhe saking pundi Dèn | kalangkung atulipun | dèn-pilalah (n)dhêkêm (m)bêg pati | nyata gêmak santosa | nora gêlêm mêpluk | Dyan Ngabèi Wiryabrata | matur inggih puyuh (ng)gèn kula mêmêyi | piyambak sing pulutan ||

163. Kang rame ngling pun Balut puniki | waune unthul wus wande gêmak | nanging apênêt tanahe | ayu sarwi pinangguh | cacangkoke puyuh arêgi | kula ngandêl pêthèk-pêthèknya |Lebih dua suku kata: kula ngandêl pêthèknya. milane ngong-ingu | mangke kapênêt têmênan | matur dhasaripun pun Balut prayogi | yèn tumrap kula ngrika ||

164. Ajêng ngurupi mèsa kabiri | gangsal rakit rêgi ngênêm reyal | Ke Kidang gumuyu linge | yèn Dèn Bèi rêmên yun | mring pun Balut kula-aturi | mundhut andika bêkta | sasêngkêranipun | kula jumurung sumangga | Dyan Ngabèi andhêku nuwun turnèki | kalangkung sukèng driya ||

165. Ciptanira tan sok-sokan picis | saking dene lêga bungahira | si Balut panaringakepinaringake. | ing wanci wusing bêdhug | Kae Kidang Wiracapèki | ingkang sami sadaya | kasukan anutug | kula so ing palinggihan | saur-manuk sadaya umatur inggih | sumangga ing sakarsa ||

--- 10 : 138 ---

166. Nulya linggar ing langgarirèki | Jayèngrêsmi miwah Jayèngraga | katri Ki Kulawiryane | samya awêktu Luhur | sabakdanya Ki Jayèngragi | ngaturan marang wisma | dening garwanipun | kang mêjên sadina-dina | nora kêna longkang sadina panas-tis | ngising tai mangkêlang ||

167. Yèn kondur sing jawi mring jinêm-rik | Ni Widuri tan kêna bêngganga | athêmêl lir gula lèdèng | tarlèn ingkang kaetung | mung guthule Ki Jayèngragi | Jèngraga kongsi (ng)gêrsah | katêmbèn kinayun | winasèng dyah ing asmara | Jayèngraga tangèh misasèng§ Prayoginipun / misèsèng / [misesèng]. ngrèh èstri | jêlanah nampik ngêpah ||

168. Datan ana kang nisani kapti | sabên rakêt tyasira gung ewa | nging Widuri nyrutu bae | lir among rare dhawuh | age-age panyandhaknèki | tan wruh rênguning driya | Jèngraga tyasipun | gèsèh lan warastranira | ati kêthul guthul tan kêna kajawil | têngèn tan ngon iriban ||

169. Rinasèng tyas gumuywa ngling kapti | guthul bandhil tan anuting manah | anganggo karêpe dhewe | yèn ati kêndho wêlu | jamak wêlu mèlu lir ati | si kènèk iki nora | sok calak cumungul | andhangah tanpa parentah | ngotot bêrot drêng kumudu dèn turuti | ya mara karêpira ||

170. Nulya samya karon pulang-rêsmi | nging tyasira satêngu tan rêna | mung nuruti guthul bae | rambah-arambah tinut | tan cinatur ingkang sarêsmi | ingkang sami kasukan | ngabên puyuh sawung | lingsir kulon abubaran | samya rèrèh ngaso mring panggenannèki | sayah mêndêm kasukan ||

171. Bakda Asar andhap wancinèki | Mas Dêmang Wirancana alênggah | nèng pandhapa lir sabênne | pra paman ri nèng ngayun | angandika Wirancana ris | lah sira Wirancaka | kongkonanirèku | ngundang ronggèng pa wus têka | matur sampun nèng wismane Nayakênthi | pun Madu lan pun Gêndra ||

--- 10 : 139 ---

172. Dadi têlu ta lèdhèkirèki | matur inggih tiga saking kitha | pun Tèki talèdhèk adèn | duka-dalêm puniku | mangke lamun têmpuking ratri | bandhung lan Madu Gêndra | dèn-adèning gunung | sami gagambèn katrinya | Wirabraja samambung nauri aris | nakmas Mancanapura ||

173. Ragi bêgja jroning karya iki | barang pinilala pan prayoga | satunggil tan duwe kosèk | pênêt sadayanipun | Mancanapura anauri | inggih lêrês sampeyan | dumadak sarwantuk | Mas Wirancana lingira | dhayoh iki sesuk dènnira yun mulih | mulane dèn-samêkta ||

174. Sakèh ladèn aywa nguciwani | kang para ri umatur sandika | kados tan anglingsêmake | angrukti sadaya wus | kono priye Mangunjanèki | sira kang juru mriksa | matur inggih sampun | tan wontên ingkang kuciwa | sadèrènge kinèn wus kula-ruktèni | tan cinatur dangunya ||

175. Bakda Ngisa wayahe kang wêngi | Jayèngraga ngaturan busana | kang samakta prayogine | apan busana luhung | Ni Widuri anglaladèni | anyamping kawung branta | -yuda agêng nêngguh | paningsêt cindhe jo bara | corak jlamprang linud ing parada adi | èpèk rukmi wiwiran ||

176. Sinungan pèdhi intên mirah brit | kuluk kanigara wawêngkonan | sumping ron pinrada adèn | cundhuk mêntul intên byur | pinalangkan suri rinukmi | kalpika galigèn mas | kalinglingan tajug | gêgombyok dhuwung oncènan | akakacu kumbaya kusta lus abrit | wus dènnira busana ||

177. Ni Widuri tumingaling laki | mandêng tumênggong kamêdhèp têsmak | lir durung tumon sajêge | andulu wong abagus | ingèsêman anubruk wêntis | sarwi nêmbung asmara | sakêdhap tan dangu | mendah saraosing driya | tamban-tamban kewala lir winginèki | kadar pintên sadhela ||

178. Jayèngraga samun rêngunèki | mêngko bae yèn wis saking (n)jaba | sun-tutugi ing karêsmèn | lah wus payo amêtu | ngong-nêmoni dhayoh priyayi | èsmu rêndhêt ni rara | wus kèring nèng ayun | lunggwèng jrambah ngarsèng tilam | kanan ingkang [ing...]

--- 10 : 140 ---

[...kang] ibu Nikèn Widaryati | lan ibu maratuwa ||

179. Miwah garwane para priyayi | sami kagawokan dènnya mulat | mring Jayèngraga baguse | babag kèh èmpêripun | lan Pangeran ing Pranaragi | kang wus nitèni lawas | pamuluning wangun | kaot ngrangkung Jayèngraga | bagus dhèmês aluwês mêntês-mantêsi | awayang winawangwang ||

180. Wênèh ngucap sènggane wak-mami | yèn duweya bojo kang mangkana | baya sun-simpêni bae | nora wèh mêtu-mêtu | yèn kajambar kèh kang mèliki | nora kêna kumrengkang | tinêmu pèk clêmut | ginawa lumayu lunga | kowang-kowang kelangan bojo jêlanthir | kèh bawane parojar ||

181. Yata wau kang pra tamu prapti | samya busana kêling samoa | pinapatut sasênênge | kinêtog pamèripun | kuluk kanigara mawarni | baludru langking rêta | wilis wungu biru | miwah mathak myang udhêngan | kêling sutra jingga mèpèt pinalipit | asusumping puspita ||

182. Ingkang dhêsthar cêlêpan myang bathik | parang-rusak modang sêmu-kirang | kang sawit udan-ririse | akathah warnanipun | jor-jinoran panganggenèki | samana bèi dêmang | kang samya alungguh | Dyan Ngabèi Wiryabrata | Bratawangsa Wangsapati Wirapati | Dyan Bèi Wijakangka ||

183. Lawan Dyan Bèi Wijayapati | Radèn Angabèi Malangdewa | Dyan Bèi Puspalayane | Dêmang Jayabilaru | myang Mas Dêmang Nandipurèki | Dyan Dêmang Mangunpura | Mangunrana nêngguh | Mas Dêmang Jayasantika | Dêmang Ekalaya Radèn Puspagati | tuwin Dêmang ing Rawa ||§ Prayoginipun / Ngrawa / kados ing pada 149.

184. Dêmang Ranubaya Ranupati | Dêmang Ranutirta Ranudênta | Dêmang Ranumanggalane | myang Dêmang Ranukèwuh | Dêmang Ekamantri dan malih | Dêmang Ranudikara | wus pêpak nèng ngayun | tan klèru lungguhanira | Kae Kidang Wiracapa lir bupati | nuju dina grêbêgan ||

--- 10 : 141 ---

185. Mas Wirancana sakadangnèki | Mancanapura Singabancana | Sancana Wiryajanane | Mangunjana waruju | samya kampuh sindur papali | Ke Kidang Wiracapa | tan busana mabru | nganggo kur rêsik padinan | apra abdi kang putra Ki Jayèngrêsmi | tan arsa liya wastra ||

186. Namung pra kadangira Ngabèi | Wirancana lawan Wirangkara | miwah Ki Wirabajrane | nganggo sapantêsipun | Ki Wuragil Kulawiryèki | anyamping parang-rusak | lan sadhêstharipun | paningsêt cindhe barendan | agagombyok dhuwung sumping krang mêlathi | borèh kuning barutan ||

187. Lir jajaka birai apêkik | Ki Nuripin tansèng wurinira | lan wong nonton sapraptane | jalu èstri asêlur | wong parapat manca-limèki | myang têbih sami prapta | nonton ing atayub | mring karajan Lêmbuasta | sakalangkung jêjêl supênuh sujanmi | angsukup yêl-uyêlan ||

188. Jayèngraga kang lagya umijil | saking dalêm agêng mring pandhapa | ingiring ronggèng katrine | Gêndra Tèki myang Madu | miwah Bala Wukir tan kèri | binusanan lir putra | karo binabagus | kasêlak katranging pandam | lir jawata widadara widadari | kaendran kawistara ||

189. Cingak sakèhe wong kang niningali |Lebih satu suku kata: Cingak sakèhe wong kang ningali. mulat marang Kae Jayèngraga | kang kadya dewa-dharate | mangkana nulya lungguh | nèng keringe Ki Jayèngrêsmi | kang lênggah sadayobah | mitênggêng andulu | marang kabagusanira | Jayèngraga kang ngêpak langêning sigid | tan ana tumandhinga ||

190. Ronggèng si Gêndra lan Madu Tèki | anèng ngarsanira Jayèngraga | asasêlèn busanane | Gêndra asinjang kawung | sari kêmbên gadhung mêlathi | tinêpèn renda jênar | kawêng adu mancung | agêlung malang sinêkar | paningsêtan sutra mandhalagiri brit | kacu kumbaya kusta ||

191. Si Madu sinjang garingsing ringgit | kêmbên jingga-mangsa pinarada | pinatut adu-mancunge | gêlung nêdhêng rinarum | dhêt sutra jo mandhalagiri | Tèki sinjang prangrusak | kêmbên

--- 10 : 142 ---

tulakbangun | atatêpèn para rèndan | apamêkak tumpal seta mandhalardi | gêlung sèntêg sinêkar ||

192. Ronggèng katri abusana adi | sami awiwir rukmi tinatrap | tinrètès intên byur bèjèn | kalpika mirah tajug | glung pinlangkan ing suri rukmi | cundhuk-mêntul tamèngan | kalangkung linuhung | tan cara talèdhèk desa | pan cinara dalêman sarimpi adi | sangsaya wimbuh endah ||

193. Mas Ayu Wiryabrata kang wasis | tate maèsi pangantèn kitha | dalêman myang pra putrane | tan liyan mung Mas Ayu | Wiryabrata ingkang maèsi | pilalaning santana | ingkang samya mantu | mangkana wusnya samakta | Kae Kidang Wiracapa ngandika ris | mring ari Wirabajra ||

194. Wong niyaga kiwa têngên sami | konên munggah na munggèng pandhapa | ricik sacukupe bae | ingkang liningan gupuh | Wirabajra Mangunjanèki | tan dangu wus samêkta | gamêlan mangayun | Ki Wuragil Kulawirya | bisik-bisik mring kang putra Jayèngragi | bilah dene aeram ||

195. Apik-apik ronggèng kene iki | beda ing ronggèng kana-kana |§ Prayoginipun / beda lan ronggèng ing /. ana ayu ayu manèh | ronggèng ing ngêndi iku | Jayèngraga mèsêm nauri | lo paman kakilapan | paran yakti tan wruh | punapa botên pun Gêndra | inggih mranggi sampeyan piyambak nguni | nyarungakên dawala ||

196. De kang kilèn pun Madu kariyin | duk sampeyan manglar nèng karandhan | Ki Kulawirya anjêngèk | gumuywa ngling amuwus | iki dene panglingên mami | bilah dene sayèndah | yune ngundhung-undhung | dhèk biyèn nora kadyèka | kang putra ngling satunggalipun pun Tèki | ronggèng Dalêman kitha ||

197. Ki Wiryo-jar bubur ati-mami | moyang-moyang bilah setan beka | tlèdhèk nyêmpalkên kathèklèk | Jayèngraga gumuyu | myat kang paman wuyung kapati | mangkana Kae Kidang | Wiracapa muwus | sapa kang wiwit janggrunga | Dyan Ngabèi Wirabrata [Wira...]

--- 10 : 143 ---

[...brata] matur aris | prayogi (ng)gih pun Gêndra ||

198. Gya pun Madu anuntên pun Tèki | ngling pênêt lah pan para niyaga | paran gêndhing purwakaning | sandika kang tinuduh | nulya talu Kabor kang gêndhing | adan lêkas Ni Gêndra | anênggak anjanggrung | nutug pangikaling guna | gêndhing niba gya ronggèng mungsêr sisirig | ngalètèr nèng kalangan ||

199. Imbal kêplok badhute nyênggaki | gêndhing laju turun muni Bondhan | Ni Gêndra nuli anggêndhèng | anuntung manis arum | enggar kabèh tyase kang myarsi | obah sapannontonan | samya rêbut aju | Ni Gêndra yèn wus ambondhan | tuwa anom bocah myat guthule tangi | ambadêdêng sadaya ||

200. Panggambyonge lir prênjak tinaji | parêpêtan sisiring§ Prayoginipun / sisirig /. klintingan | ambondhan ngêtog solahe | angglintir gagang payung | munyêt pinalangkaning wêntis | anglèyèk dhèyang-dhèyang | mundur muntup-muntup | singa myat winèhan ulat | ting galêmbor gumêrah wong angukuki | ngawêt nêkên guthulnya ||

201. Wus anutug panggambyongirèki | anulya suwuk gêndhinganira | Gêndra wangsul (ng)gyannya linggèh | gantya Madu anjanggrung | gêndhing munya Jungkang angrangin | si Madu ngrimong wastra | nênênggak anjanggrung | masang kêmayan sumbaga | pisalining pandalu gingsiring ati | mring Madu nèng kalangan ||

202. Wusnya mamati niba kang gêndhing | lêkas anggambyong anumpak raras | gya laju Gondrong gêndhinge | antokon Gondrongipun | dyan anggêndhèng ngêlik gumlindhing | plêng binglêng wong kang myarsa | sindhène si Madu | Gondrong niba Lela-lela | nyandhak payung mêgar sinumpah pinêthit | minuwêr ingidêran ||

203. Lir sikatan dinamu akêsit | kêkicatan kesitkêsit. tan katingal | cat anglela kakèmpolekakempole. | sampêlah kang andulu | dolongèhe kaduli-duli |

--- 10 : 144 ---

si Madu nulya ngikal | manthêng mênthang payung | pinutêr bantêr nèng asta | nurung sindur mêrpêt wèh ulat wong ngaksi | barêng surak kukukan ||

204. Copot ikêt sabuk miwah kêris | tinawakkên mring bok Madu ika | nya kiye Madu nya kiye | tèk-golèk luru-luru | mung wèhana ulat wakmami | batur Dêmang èpoknya | dèn-tawakkên Madu | anutug panggambyongira | ronggèng nêmbah kèsodan wangsul (ng)gènnèki | suwuk gêndhinganira ||

205. Nulya gantya Ni Tèki kang kèri | rawitira gêndhing Taliwangsa | padha krasa panabuhe | angalêp nganyut-anyut | apan lêkas ngayêr si Tèki | ngrimong cindhe jalamprang | anênggak payung yun | amatak sêmbaga gêndam | limuting tyas tinuntun manjinging kingkin | kinon jroning kanêngran ||

206. Hongilahèng nayang ganur lathi | tharinga jarinira pinupa | mêdhar cahya hongilahèng | sakèh ingkang andulu | gêdhe cilik tuwa nom tuwin | lanang wadon tumingal | mring badan sliraku | pan katon asmara-tura | rongèh gorèh têka wêlas têka asih | lulut onèngonêng. maring wang ||

207. Pan mangkana kamayanirèki | tar antara Taliwangsa niba | gya Tèki raras sarimpèn | tumpak saliring gambyung | kakêjêr lir branjangan paksi | sasirig anyênyêtan | awasis sauyun | sèdhêt pêthêting tanaga | panibane lajêng ladrang Lara-nangis | Tèki ngangkat ambondhan ||

208. Nulya nyandhak payung Tèki manis | pinanthêng-panthêng bau andhingklang | pinalangkan ginalèntèr | mêmêt madyaning pupu | payungira pineyang-paying | lir paningkising sara | parampinganipun | angêlik sora rum rara | gêtas rênyah mêthit mêrit wuluh rujit | rujat tyase kang myarsa ||

209. Papas rantas rontog rontang-ranting | atining wong angrungu sindhènnya | amlas asih lantikane | cipta mèlu kalayu | jalu èstri abranta kingkin | Tèki mêdhar tanaga | -nira dènnya (ng)gambyung | akêsit nindur wèh ulat | mring wong nonton singa kang kinincang alis | samya lok sumyak-sumyak ||

--- 10 : 145 ---

210. Barang kang cinandhak kang cinangking | ting karopyag anggêbugi cagak | sarya sru surak-surake | kadya ngêpung simagung | kang sinênggrang surak gora tri | mangkana antaranya | pambondhanira wus | mêndhak nêmbah wangsul (ng)gyannya | jèjèr wayang nèng ngarsane Jayèngragi | suwuk gamêlanira ||

211. Mas Mangunjana gupuh angrukti | nuduh mring wong kasinomannira | mêdalkên pasugatane | wedang pangananipun | tan dangu wus lumadyèng ngarsi | sarta lariyannira | midêr kang aminum | Kae Kidang Wiracapa | angandika (m)bok bacutan bae bêcik | aja tanggung ing raras ||

212. Lamun nora kongsi maratani | ngantu-antu kang padha ngombe rak | prayoga nuli lêlangèn | Ki Wuragil gumuyu | sarwi nangkut kang ronggèng katri | dèn-eling wong lulumban | anglali nèng banyu | iki anglangi nèng jogan | Jèngraga ngling nora jamak paman iki | mundhak pasangon ulat ||

213. Samya gumujêng suka ing galih | ronggèng Ni Tèki Madu lan Gêndra | kang ngèsêmi mring kalihe | Wiryabrata umatur | mring Ke Kidang Wiracapèki | kasinggihan sabdanya | pênêt nuntênipun | ngling malih sintên kang bêksa | matur prayoginipun kang ngrumiyini | putranta pinangantyan ||

214. Angandika nakmas Jayèngragi | kula-aturi angraras bêksa | kang putra nuwun ature | kewala mangke pungkur | luhung kang putra tamu rumiyin |lebih satu suku kata: luhung putra tamu rumiyin. kang rama mèsêm nabda | ing prayoginipun | nakmas Dêmang Wirancana | (n)dhinginana katêmpuh kang darbe kardi | dadya panuting kathah ||

215. Mas Prawirancana Angabèi | tan lênggana ing karsa nut sabda | Lung-gadhung pamundhutane | para niyaga gupuh | sigra lêkas ngunèkkên gêndhing | ronggèng tri sigra tandhak | barung gêndhèng arum | Mas Dêmang Prawirancana | nulya bêksa pasaja datan (m)bèragi | marasêmu kewala ||

216. Para rencangira angêploki | lan sanjatanira barondongan | antara patang gongane | pangibingira sampun | ronggèng raryan suwuk kang gêndhing | Ke Kidang Wiracapa | alon dènnya muwus |

--- 10 : 146 ---

nakmas Radèn Wiryabrata | ingkang dadya wawaton wiwit angibing | nuntên saurutira ||

217. Wiryabrata tan lêngganèng tuding | nulya mundhut gêndhing Onang-onang | ronggèng anggêndhèng katrine | Dyan Wiryabrata gupuh | angadêgi wusnya angibing | pra ri ing (ng)Galèk-wulan | bêksa larihipun | samya lok wong (ng)Galèk-wulan | kêplok atri bêdhil barondongan muni | suka sakèh tumingal ||

218. Wiryabrata dasar wignya ngibing | ababêsus dènnira ambêksa | bêksa kêmbang pangukêle | ronggèng tri parêng nindur | sarêng wiwalira ningkapi | sisirig (ng)gyannya mara | nindur maju mundur | ronggèng tri kangsèn kalangan | wus antara rolas gongan dènnya ngibing | pan wus dènnya ambêksa ||

219. Nulya gantya saurutirèki | Rahadyan Ngabèi Bratawangsa | nulya Dyan Wirapatine | Wijakangka wusipun | Wangsapati gya Jayapati | nuntên Dyan Malangdewa | gya Jayatilaru | nulya Radèn Puspalaya | ganti Sandipura Mangunpura nuli | Mangunrana abêksa ||

220. Mas Dêmang Jayasantika tuwin | nulya Radèn Dêmang Ekalaya | gya Radèn Puspagatine | pangibingira baut | tuwa-tuwa maksih (m)bêsusi | dhasare tukang bêksa | asring amumuruk | pra anom-anom ing kutha | kang (ng)guguru marang Radèn Puspagati | mila kèh wignya bêksa ||

221. Radèn Puspagati dènnya ngibing | saplak lan ronggèng pangukêlira | ronggèng ganti panindure | lèngèk linglingan (n)dulu | kadi dara angloloh piyik | pra kadang (ng)Galèk-wulan | kang nglarihi minum | mring bangsa ing Pranaragan | sadangunya ganti-ganti kang pra ari | nglarihi ingkang bêksa ||

222. Wus antara pangonjoting ngibing | nulya raryan wangsul ing (ng)gyannira | pan wus suwuk gamêlane | Ke Kidang ngandika rum | lagya pintên kang samya ngibing | matur Mas Wirancana | ingih kintênipun | sawêg sapalih kang bêksa | sadaya wus bangsa Pranaragan ngibing | kantun pra Dêmang Ngrawa ||

223. Manirarsa nyêlani nêngahi | prayogine bagus pinangantyan | aywa yèn kongsi kalungsèn | pra ngabèi umatur | inggih sakalangkung [saka...]

--- 10 : 147 ---

[...langkung] prayogi | ngandika mring kang putra | Jèngraga umatur | manawi parênging karsa | lamun sampun arinta paman Wuragil | inggih nuntên kawula ||

224. Kang rama mèsêm ngandika aris | lah dhi Ragil kula-turi bêksa | punapi gagêndhingane | matur sumangga kayun | sun-patute inggih dhi Ragil | mojar marang niyaga | nabuh pelogipun | lah unèkna kênong pisan | pathêt barang iya gêndhing Gunungsari | sigra gamêlan munya ||

225. Pelog pelak Gunungsari asri | nulya ronggèng Madu Tèki Gêndra | parêng (ng)gambyong rêng gêndhènge | Ki Kulawirya gupuh | angadêggi kalangan ngibing | surak umung gumêrah | bêdhilan (n)dharudhul | abêksa rangin araras | mênthang asta mathênthêng lir Bima-kunthing | manthuk thêg pacak jangga ||

226. Langkung gulêtira ing pangibing | ronggèng tri parêng panindurira | sarta barang panggêndhènge | aruntut manis arum | lir sundari katiyup ngangin | samya nanêngkah madya | ngugêr nèng pandulu | sakèh suka kang tumingal | Mas Mancanapura tan purun nglarihi | dene bangsa ngulama ||

227. Wus parentah ririh kêploknèki | mring sakèhe wong (ng)Galèk-wulan |§ Kirang sawanda, prayoginipun / wong ing /. myang bêdhil kèh têngarane | kalangkung rêmênipun | wus antara dènnira ngibing | wangsul lênggah (ng)gyannira | gamêlannya suwuk | Jèngraga nuduh mring Laba | myang si Wukir rare ro kinèn angibing | Lompong-kèli gêndhingnya ||

228. Nulya lêkas gêndhing gêndhèng muni | Laba Wukir barêng dènnya bêksa | lir bambang kêmbar bêksane | ronggèng gantya anindur | sami bautira angibing | dhasar rare mêjana | pajarane bagus | karêngga dening busana | wuwuh sigid anjêlanthir Laba Wukir | ngalètèr nèng kalangan ||

229. Langkung suka sakèh kang ningali | pra wadonan kumrêsêg bawanya | dhêmên mring Laba Wukire | rarasan ngaruh-aruh | karo sapa Laba lan Wukir | gaibe bêksanira | karo bagus-bagus | parawan walanjar randha | anggalêgês mangèngès andapès ngisis | cariwis kaèprèsan ||

--- 10 : 148 ---

230. Kang dèn-uprès mung si Laba Wukir | kang malipar mungsêr nèng kalangan | kinatêlon marang ronggèng | kang tumingal kayungyun | mring rare ro si Laba Wukir | wus dènnira antara | tutug dènnya (ng)gambyung | marêk suwuk gamêlannya | Kae Kidang Wiracapa ngandika ris | marang sang Jayèngraga ||

231. Lah suwawi nakmas Jayèngragi | kula turi wiragèng kalangan | punapa gagêndhingane | matur sumanggèng kayun | ngling (ng)gih papantêsing kang gêndhing | Gènjong-goling aniba | ginonjing umangguh | lah mara gè wong niyaga | si Bèr-manis bae sigra kang tinuding | ngunèkkên gêndhingira ||

232. Ronggèngira Madu Gêndra Tèki | samya tandhak cadhang nèng kalangan | Ki Jayèngraga nulya ge | mundhut sondhèr wus sinung | pan jumênêng lêkas amiwir | horêg sapanontonan | samya rêbut aju | ting gadhêgês yêl-uyêlan | datan etang caruk wor jalu lan èstri | rusuh adat wong kathah ||

233. Cêlêr-cinêlêr sakênanèki | kèh kelangan tan ora rinasa | lalu pêrlu pandulune | kang (m)bêsur analusur | susu ingmèk saking ing wuri | myang gagap gêmbokira | sisilak sing pungkur | sakatêke dêg-adêgan | kang ginarap nora èrèp dèn-karêpi | malah ekar sukunya ||

234. Kang tan tau arêp (n)jêlih isin | mupus mênêng prandene sakeca | apan wucapêning akèh | Kidang Wiracapèku | langkung sukanira ing galih | akêplok astanira | dadya sêdayèku | samya akêplok sênggakan | miwah Jayèngrêsmi mèlu angêploki | angrahapi kang rama ||

235. Mas Wirancana sakadangnèki | angêploki sênggak sumyak-sumyak | suka bungah myat mantune | sakèhe pawong batur | samya surak gumuruh atri | bêdhil drèl barongdongan | myang kalatakakalantaka. sru | mawantu-wantu larihnya | mring sakèhe priyayi kang sami linggih | tansah kêplok sênggakan ||

236. Datan ana ingkang mênêng siji | samya kurmat bungah sukèng manah | kang martuwa sakadange | tambuh raosing kalbu | sajêgipun tan kadya mangkin | asuka pari-suka | ngênting kalangên hyun | Jèngraga dènnya angraras | bêksa Panji-anèm Madura

--- 10 : 149 ---

rêspati | pacak pasang kusuma ||

237. Pangadêge andoran-tinangi | jaja mungal anjunjung widhangan | kawiwilan darijine | wiwir sondhèr angrajung | angêpipir sondhèr kumitir | mingsêd wêdhi-kèngsêran | jangga nglunging gadhung | jarijwa gêng têkêplêran | mênthang asta andhêngklang gandhewa gadhing | tatanjak kêbo-mênggah ||

238. Ngikal nampir sondhèr anaricik | nyidhang nurung lumarap nêdhikan | anguntap pacak-janggane | pamagêle gol-lambung | alimbangan ula ngêlangi | raras ngundur ramagang | angglong ing dhadhêngkul | tungkak ambengkat tumapak | tanjak pacak jangga pêksi angên napsi | rinambah bêksa kêmbang ||

239. Jayèngraga angêtog angibing | tanpa mèmba langêning kalangan | eram kang tumonton kabèh | kang durung bêksa kantun | cipta ora arêp angibing | puthêr puthês bèragnya | sanadyan kang uwus | tan kaduga ming kalihnya | tanpa wasis bêsuse gusis tan mingis | kapapasing Jèngraga ||

240. Kang jalanthir anganjir pribadi | ngêpak samoaning pra wiraga | Jayèngraga pangibinge | ronggèng tri angarubut | marang Jayèngraga ngunduri | Ni Tèki Madu Gêndra | barung kang gêndhèng wus | kadya suling tinêrusan | cumalinthing cumliring bêning gumrining | lir wuluh apipitan ||

241. Ulon nyamlêng kêplêng tan sarênti | katri lir pèndah êmprit ingundha | kakêjêr kalangan kangsèn | nindur paniyupipun | mencok pinalangkan ing wêntis | anêngkah-nêngkah madya | kanan keringipun | nglinglingan kongah-kangèhan | kadya Juna mangrurumi Rarasati | Srikandhi Drêsanala ||

242. Warga pilut kapaliring ing ngling | ngingling rayung susumping raditya | dadi lara kawulane | yèn tan tinurut ing hyun | kisma rengat tidhêming sasi | bêndara sunlaela | kasuruping dalu | pêtêng apan wus pitaya | pintêr guling gambar anèng kêrtas adi | yèn adoh kapinendra ||

243. Lamun pêdhak amamanas ati | gya ronggèng tri miwal sing palangkan | anglir pêksi madal pange | prêpêt kadi amabur | bêr-ubêran mungsèr sêsirig | ngandhuyuk atikingan | mingsêr mêdhi

--- 10 : 150 ---

lungsur | anyambi nyikut wèh ulat | mring wong akèh barêng surak angukuki | ting braok galêmboran ||

244. Bêlah§ Prayoginipun / Bilah /. setan kêblak thèthèk pidhir | nora jamak nyoplokake mata | dipandêng mataku molèr | dhuh biyung aku mênthung | anèng lurung bêncèt mlècèti | olèha cowèk gombal | sun-sungkên katêlu | mring si Tèki Madu Gêndra | nora wêdi tombok umur sun-lakoni | mung èsêmana ingwang ||

245. Apa sing ko(k)-jaluk ngong-têkani | tadhahmu pira aku sing nyangga | omahku urupna tikè | kèh swarane aumuk | kang abêksa samya pêrmati | Jayèngraga kawuryan | kabagusanipun | ronggèng tri samya kasmaran | mring Jèngraga dènnya wèh ulat mumurih | supaya dèn-anggeya ||

246. Sakèh wong tumingal jalu èstri | samya karênan panontonira | ronggèng ngêtog panggambyonge | sarêng tèplêg anindur | katri pinalangkan ing wêntis | tan kagol pambêksanya | pacak-jangga manglung | parigêl ukêling asta | ronggèng têlu kinêmulan sondhèrnèki | golang-galing ling lingan ||

247. Ulêt wilêtira angluluti | lumêkêting lathi lir cêcêpan | ngayuh gantyan sing wajane | apanjêran pandulu | ronggèng katri ginanti-ganti | liniling malêngèyan | èsême mra-sêmu | kêplok sênggake tan kêndhat | myang têngara bêdhil drèl mawanti-wanti | sarênti ajêdhotan ||

248. Yata kang anèng wisma parèstri | samya suka tumingal Jèngraga | awiraga ngayut ronggèng | sadaya angguguyu | nanging sira Rara Widuri | pan wus sasore mula | atinira (n)jêblug | lir (m)balêdhos iganira | saking katêk ajujul pêgêling galih | rungsang kadya ginangsa ||

249. Anarêthêg gathik wajanèki | mondar-mandir netyanya awangwa | anggaluga ngatirahe | anggigit sadak luput | nguntar-untar panasing ati | tumingal kang pèl-pèlan | lan kang raka dangu | krêp idu tan têkèng lêmah | tibèng sinjang wrata lir sinêmbur abrit | saking sangêt aruntik ||

--- 10 : 151 ---

250. Panglanggare sêdya anêkani | (m)bêsot marang panggêdhongan dandan | bêngkung ningsêti kêmbêne | sawusira babêngkung | wangsul ing (ng)gyannira linggih |Kurang satu suku kata: wangsul ing (ng)gyannira alinggih. ningali ring pandhapa | ronggèng sih kinêmul | pangrasane ingarasan | malah-malah kinarsan agênti-gênti | ingaras nèng kalangan ||

251. Tan saranta ngadêg nyat Widuri | sarwi anyangkring bata sarimbag | tan wangwang dening wong akèh | nyampe lantak ingunus | sanjata kang ngampil ing wuri | Widuri gya narajang | ronggèng sru binêntur | mojar pêcah (n)dhasmu pisan | tan andungkap liyan sikute Jèngragi | bata sumyur (ng)galêpang ||

252. Ni Widuri sigra anggitiki | ronggèng kêna tatu gigirira | Jèngraga nampèl lantake | Widuri ngrangsang gupuh | nyandhak gêlung angulêng wani | ronggènge tiba lênggah | kang roro lumayu | gègèr wong sapakalangan | lêng-ulêngan parèstri pating jalêrit | arungan tanpa rungyan ||

253. Para ri ing (ng)Galèk-wulan aglis | nyandhak marang kaponakanira | Widuri ingundurake | gronjalan maksih nêpsu | mosra-masru sarwi anangis | mêngko paman uculna | ngur matiya ingsun | barênga lan si Dilabrag | angarêbut bojo-bojoku pribadi | dipatung ngajak rangkat ||

254. Sinêntak-sêntak mring pamannèki | sira Mas Dêmang Prawirancana | kalangkung sangêt dukane | marang sutanirèku | bocah kapanjingan ing eblis | patènana wa pisan | urip durung tutug | gawe wirang wong atuwa | sun tan-etang anak dadaman sawiji | bêcik angur padhêma ||

255. Ki Kulawirya lan Jayèngragi | anyandhangi ronggèng kang lumajar | si Gêndra Madu Tèkine | Ki Wuragil amuwus | payo marang pondhokan-mami | ywa lungguh nèng pandhapa | anglingsêmi dhapur | nulya linggar sing pandhapa | ronggèng Gêndra Madu Tèki Laba Wukir | Nuripin tan kêna sah ||

256. Praptèng wisma papondhokannèki | Jayèngraga alon angandika | Nuripin turana age | paman Mangunjanèku | Ki Nuripin sigra ngaturi | tan dangu nulya prapta | kang putra lingnya rum | paman andika matura | marang kyai ing dalu kula nèng ngriki | datan

--- 10 : 152 ---

mantuk mring wisma ||

257. Mangunjana aturira inggih | Ki Kulawirya anambung sabda | puniki adhi prabote | Ni Tèki Gêndra Madu | suwawi andika widèni | slêpè kalpitakalpika. sêngkang | lawan cundhuk-mêntul | cundhuk kang sawiji cuplak | pangarake pèlot labêt kênèng gitik | mung rong podhi kang ilang ||

258. Wus tinampan parabot sadyèki | Gêndra Madu Tèki aturira | kula dospundi KêmaseKemase. | arta potombokpatombok. wau | anèng bokor sintên kang ngambil | sakite awak-kula | pinupuh kèh abuh | kawula anuwun priksa | anauri Mangunjana mring ronggèng tri | ya wus aja na susah ||

259. Picis ing bokor wus dèn-rumati | mèntar sing ngarsa marang ngayunan | ngaturkên parabot ronggèng | wus rinukti liripun | Mangunjana ingkang ngrampungi | tan matur marang raka | bicaraning blèdru | tan dangu wangsul praptanya | angling mojar maring ronggèng lah ta iki | picis patombokira ||

260. Lawan sira pinaringan picis | pan nêm reyal ngêrong reyal edhang | sêwêk kang ko(k)anggo kuwe | udhêt tapih kêmbênmu | pinaringkên marang sirèki | ronggèng tri aturira | inggih langkung nuwun | nulya lèngsèr saking ngarsa | Mangunjana andadak dhawuh (n)dandani | pandhapa binrukutan ||

261. Gêdhèg pajang lêlêmpitanèki | jaba jro mah kakobong gêbêran | wus dangu aramut kabèh | nulya kinèn amundhut | pasareyan kasur guguling | pajêgan pinapajang | wus prayoga mungguh | Ki Wuragil Kulawirya | mulating Mas Mangunjana langkung asih | sajroning driyanira ||

262. Bisa ngrêrapu angalap ati | marang mantunira Jayèngraga | mrih tan kalantur rêngune | alon dènnira matur | puniki (ng)gyan kawula ngrukti | nistha dama sasama | sompok sumpêkipun | Ki Kulawirya lingira | inggih sangêt panrimah-kula ingkang sih | tan sagêd mangsulêna ||

263. Jayèngraga angandika aris | langkung anuwun ingkang sih marma | kang paman nuwun ature | lah inggih paman sampun | kula-turi dhatêng mangarsi | amaklumipun paman | kathah damêlipun |

--- 10 : 153 ---

Mas Mangunjana mit mèntar | Mas Wirya ngling priye ronggèng têlu iki | mangsa bodhoèng sira ||

264. Matur kanjêngipunkajêngipun. wontên ngriki | tiga pisan ngladosi pun paman | manah-kula taksih rongèh | kaetang mingut-mingut | mangsa borong paman pribadi | kawularsa rêrêman | kewala nèng ngriku | ing kampung pandhapa ngarsa | kula mijil nèng pandhapa kampung alit | tinilam pinajang ||§ Kirang sawanda, prayoginipun / pinapajang /.

265. Ing pandhapa gêng bubaran sami | nora tutug dènnira kasukan | cuwa kadung dening ronggèng | wong nonton bubar mantuk | ingkang kari anèng pandhapi | [...] |Kurang satu baris: 7a. sungkawa angungun | cipta tan bisa widada | palakine sira Ni Rara Widuri | kaewan satingkahnya ||

266. Rètna Widuri lara anangis | rinapu-rapu dening wong kathah | miwah ing sasêntanane | kang ibu êmbahipun | anunutuh amituturi | lupute tingkahira | angladèni kakung | akarya runtiking driya | Ni Widuri tan etang rumangsa sisip | mung brangtanirèng driya ||

267. Kudu-kudu mêtu Ni Widuri | mring (ng)gyaning raka anèng pondhokan | ingampah dening wong akèh | dadya tan kêna surup | kaptinira Rara Widuri | yata Ki Kulawirya | nèng pondhokanipun | ngompot lan ronggèng titiga | ingoncèkan ginarap aganti-ganti | nutug sakarêpira ||

268. Babonangan susu manglus pipi | malu pêncutu cimplungan capang | tênggar tugar têlu talèn | akulin lintu-lintu | lincak gagak anglalantaki | nunumpak tumpak lawak | lèwag-lèwêg ngluwung | katêmbèn tingkah mangkana | anutugi ngêtog rasaning kamuktin | mumpung gampang anumpang ||

269. Jayèngraga agolongan guling | Laba Wukir amêtêki pada | nyêthuti jênthik sukune | sasiki sowang mangku | Jayèngraga gumuyu angling | lah sira Wukir Laba | turonna hya lungguh | kang liningan tan lênggana | samya turon maksih sinambi mêtêki | kang gatêl ginêtêlan ||

--- 10 : 154 ---

270. Jèngraga ngling dimanjuluk thithik | padha angêkêpa lambung-ingwang | ywa wêdi sun-wênangake | nulya sami manjuluk | ngêkêp lambung Laba lan Wukir | si Wukir tinimpahan | kapêlak-apêluk | kagyat ngunduri wus nyana | yèn warasta Jèngraga mèsêm ngling ririh | sing ko(k) unduri apa ||

271. Matur punika ingkang mêlagir | nulya tangane kinèn nyakêpa | gya grayang mangang cakêpe | apa ta gêdhe iku | matur inggih agêng nglangkungi | rare ro kinèn (ng)grayang | ing kagunganipun | Laba Wukir galêgêsan | angandika apa ta padha kepingin | matur pengin punapa ||

272. Iya kiye yèn arêp ngong-wèhi | matur ah kula botên kaduga | ya gene apa mulane | matur sintên kang purun | kêsangêtenkêsangêtên. anggigilani | kongsi botên cakêpa | pan sakilan langkung | baya modar pandêlikan | ngling ngong tanya padha bêlaka-a yêkti | sapa kang (ng)garap sira ||

273. Padha matur anggaligik ririh | inggih asring kula kinedanan | kadya mring èstri wuyunge | para Kemase Lêmbu | myang pra radèn ing (ng)Galèk sami | nuju nêngkung lènggèran | kathah pawèhipun | tansah dadya parêbatan | kula lan pun Laba kang dèn-ungsir-ungsir | manah kongsi anggêrsah ||anggrêsah.

274. Angling gêdhe êndi lawan iki | matur o ah mangsa sêmantènna | gêng panjange dede-dede | Jayèngraga gumuyu | sarwi niwêl lambe lan pipi | sarwi narik layangan | -nira pinanjuluk | Wukir pinungkur linukar | wastranira warastra trap andungkapi | nyungap pang pangingkêpan ||

275. Sabab nora cukup angêkêpi | pinêksa winawasa rêkasa | makênêng nglut tumanduke | kagyat (ng)gronjal angrajug | mak hêg (n)dêngkèng angolang-aling | pulintiran lir sarpa | katindhihan watu | prêmbeyan ngêsah sêsambat | nuwun sampun kawula datan kuwawi | ingkang antèr kewala ||

276. Jayèngraga kapadhaning kapti | Wukir ngasorkên langêning kênya | dangu rapuhira rapèh | nutug langgêninglangêning. lulut | pan ginanti Laba lan Wukir | awrataning panangga | lêsah kalihipun |

--- 10 : 155 ---

samya kawêdharan rahsa | murwasmara madyaning ratri kongsèngnjingkongsènjing. | luwaran mring patirtan ||

277. Laba Wukir lir sawung kajiling | arêrêngkêng tan kongan kêmrèngkang | kalengkangan babokonge | bokong bangkèkanipun | mèyèk-mèyèk lakunirèki | samya mring pawariyan | siram sadaya wus | sawusira papasatan | Jayèngraga myarsa adan Subuh nuli | lumampah marang langgar ||

278. Kulawirya Gêndra Madu Tèki | samya katuron lapaking sayah | wah dhinudhah sasuwene | sami karipanipun | Ki Wuragil Kulawiryèki | katuron maksih numpang | guthul sih silulup | mathingkruk anèng si Gêndra | maksih kêkêt grana tumumpanging pipi | pupu pupul timpahan ||

279. Nora kongsi kêkêmul jajarit | ting galimpo lir bligo blêjêdan | kongsi kêrinan tangine | Tèki tangi alungguh | nulya Madu ngalilir tangi | tumingal kang tumpukan | pan samya gumuyu | samya dandan tatapiyan | gumuywa ngling de anggalès têmên iki | kukuh lir kancing lawang ||

280. Gêndra anglilir gumuyu isin | Kulawirya byar mêlèk wis krinan | dadya pot wêktu Subuhe | sangêt gêtun amuwus | kacanthèla salah sawiji | katanggungan wasisan | tinutukkên sêngkut | unine apalêthêtan | Madu Tèki waspada langkung kêpingen | anjinge tancêpira ||

281. Pating galigik Madu danlan. Tèki | malah nungkuli amrih pratela | tingkah sakerah-kerahe | antara dangunipun | parêng ngangkatira kang gati | angrajuk kalihira | kêrot gêgêt untu | nyangkêrung agêdêdêran | Madu Tèki ting glêgês angling nudingi | amêrêm karo pisan ||

282. Kongsi dhipêt tan wruh ika-iki | gigire kang lanang ngulêr kilan | kantèk alèpèk bokonge | wus tuntas wijiling puh | gumaledhag gumrèwèl gampil | clèwère duleweran | guthul mungkrêt klumut | Madu Tèki kikidiyan | wus luwaran dènnira apulangrêsmi | sarêng sami agirah ||

--- 10 : 156 ---

283. Sawusira kapat asusuci | Ki Kulawirya nèng salu lênggah | ronggèng tri nèng sor ngarsane | Tèki alon umatur | kula nuwun dalêm lilani | mantuk dhatêng pondhokan | wingi wartosipun | dintên puniku bidhalan | sami kondur dhatêng kitha Pranaragi | sadaya sasarêngan ||

284. Kawula jrih yèn kantun nèng ngriki | wus rinilan sarta sinangonan | ngrong reyal nuwun ature | Tèki lèngsèr sing ngayun | nulya Mangunjana kang prapti | ngling paduka katuran | mring rakanta gupuh | Ki Kulawirya agêpah | kerit maring Mangunjana pratèng ngarsi | lênggah panggènannira ||

285. Kang pra tamu dêmang lan ngabèi | wus samakta dènnira budhalan | samya pamit sadayane | marang kang uwa wau | tuwin mring Mas Wirancanèki | Dyan Bèi Wiryabrata | pitêmbungira rum | kawula anuwun lilah | mantuk rêbat wanci amumpung sih enjing | katandatan. rêkasèng lampah ||

286. Ke Kidang Wiracapa ngling aris | prayogine nakmas Wirabrata | (m)bok kantos ing sapêkêne | tanggêl pangrungkêpipun | maksih cuwa raosing galih | Dyan Bèi aturira | inggih rêbat cukup | manawi wontên parentah | mutawatos tilar damêlan nagari | kalamèn èwêd-aya ||

287. Dyan Wirabrata majêng ngabêki | atur salam marang ingkang uwa | tuwin mring Jayèngrêsmine | Jayèngraga gantya wus | salam mring Ki Kulawiryèki | nulya sadayanira | tur bêkti salam wus | rinilan pamitira | gya pra rabi mring pandhapa atur pamit | anêmbah nguswapada ||

288. Inastuti sadaya jalwèstri | budhal lèngsèr saking ngarsanira | kumrubut sarêng wêdale | gamêlan barung umyung | pelog slendro lan carabali | sarunèn cacêngkungan | bêdhil brondongan sru | gar gêr mêbus kalantaka | angurmati budhale para priyayi | kang mulih marang kitha ||

289. Tan cinatur kang samya mit mulih | nuju ing sapêkêning pangantyan | kinandurèn salamête | sasampunira rampung | sadhêkahe anyapasari | Ke Kidang Wiracapa | ingaturan kondur |

--- 10 : 157 ---

mring Mas Dêmang Wirancana | lan kang putra Jayèngrêsmi Jayèngragi | miwah Ki Kulawirya ||

290. Samya lênggah sajroning wismèki | Mas Dêmang Wirancana lan garwa | ngrukti badhe gagawane | sarta busana luhung | sapraboting priya sarywadisarwadi. | raja-kaputrèn miwah | raja-kaputran wus | andhèr tinata jarambah | Kemas Dêmang Wirancana matur aris | mring Kidang Wiracapa ||

291. Ingkang punika warnanirèki | pranata kawula sumapala | sarèhning dama miskine | namung supadosipun | dados pratandhaning pawajib | pangarêping akrama | ing sawontênipun | katura marang putranta | pan rumaos amba tan sagêd nyaputi | marang Ki Jayèngraga ||

292. Ke Kidang Wiracapa ngling aris | mring Jèngrêsmi lah nakmas punika | kang pisungsung pranatane | dhatêng rinta sang bagus | Jayèngraga babêktanèki | sakadar ing panadar | -rira bundhêl dhusun | Jayèngrêsmi aturira | inggih sakalangkung dening aprayogi | pamulèning sih-marma ||

293. Sung pawitan rèhipun mong-siwi | mratandhani ing suka pirêna | kusung-kusung katrêsnane | sawiting among sunu | kasinggihan gênging kang sih |Kurang satu suku kata: kasinggihan agênging kang sih. kawula sukur ing Hyang | kalangkung jumurung | ngandika mring Jayèngraga | lah ya yèku timbalane (n)Jêng kiyai | gagawaning akrama ||

294. Jayèngraga aturira aris | inggih kalangkung nuwun kawula | kang dhumawah pasihane | marang kawula nuwun | datan sagêd amangsuli |Kurang satu suku kata: datanpa sagêd amangsuli. gênging sih parimarma | tanpa samènipun | nanging tyase Jayèngraga | datan gingsir pangêbang-êbang sirèki | pangwèhing maratuwa ||

295. Tur ta akèh pangajinirèki | tinapsira prabot samadaya | pangaji rong-èwu luwèh | ciptaning tyas tan kudu | melik donyabrana di-adi | malih ing aturira | mring Wirancanèku | paparing paduka brana | inggih sakalangkung nuwun wajib-mami | anèng purbaning garwa ||

--- 10 : 158 ---

296. Sung akêna putranta Widuri | ing pamèlik ingkang kuwajiban | tan liya garwa wajibe | nadyan badan sakojur | tiyang jalêr mèliking èstri | Mas Dêmang Wirancana | saha garwanipun | cumêplong lêga tyasira | pisungsunge tinampan panrimanèki | nabda mring putranira ||

297. Lah wus dhenok tampanana iki | kang brana mèliking lakinira | siniungkên sira wajibe |Lebih satu suku kata: sinungkên sira wajibe. anggêmatèni tuhu | rawatana ingkang nastiti | Widuri sarya waspa | nampani brana gung | tan lêga nampani brana | pawaspane kaetang brangtaning laki | sadalu nora panggya ||

298. Pan wus samya kaduga ing ati | para sêpuh jalwèstri sadaya | miwah kadang sêntanane | wus cipta tan sêmpulur | palakine Rara Widuri | karêngon maring raka | kawistarèng sêmu | bubuka duk paronggèngan | ingkang dadya tyasirèki Jayèngragi | tan dhangan maring garwa ||

299. Wus pêdhot thêl trêsnanirèng rabi | namung ketang papa anèng paran | inganti pitung dinane | lir gya mawaning ngênu | angênani tyasnya mawêrdi | (ng)gagas wèng-wènging lampah | tikêling ngatuduh | duhkita katarèng nala | wingitira sanetya Ki Jayèngragi | sinamun kramèng basa ||

300. Para paman ing Trênggalèk-sasi | Kae Mas Mancanapura uga | anêkakkên pamulene | alon têmbungira rum | mring kang putra Ki Jayèngragi | kula-naosi kuda | lan sakambilipun | lamun karsa atetêgaratêtêgar. | tan sumêlang ing lampah sampun akenging | tangkêp matuh sakeca ||

301. Winangsulan panarimaning sih | nulya paman Mas Wirabancana | kawula naosi anggèn | turangga ulês gêmpung | lamun karsa têdhak wanadri | tan susah rinèh tambang | wus uningèng kewuh | manguthik towok wêgigan | lan sanjata Rara Kawudan sarakit | atitih kampuh srêpan ||

302. Anauri panrimanirèki | Mas Wirancana matur ing putra | kawula naosi badhe | turangga ulês giyu | wanci kantun satunggal sisih | sawêg kenging congklangnya | manahipun manggut | samangga [sa...]

--- 10 : 159 ---

[...mangga] dipun-pêthila | êntragipun saèstu tumuntên kenging | anjujur marêp mara ||

303. Inginggihan gya kang paman malih | Mas Wiryancana atur turangga | ulês prada-papêlême | sukunya pancal panggung | buntut mudal mêdal sênggami | aprayogi kagêma | arosa rahayu | wus anjilma nukmèng kata | saprabotnya lan pistul alit sarakit | miwah waos sanjata ||

304. Gya Mas Mangunjana matur aris | kula inggih anyaosi kuda | ulês pêthak sabuk-tinggèn | sarwa kenging wus matuh | langkung rikat adheyanèki | wêdalan Pacêt wetan | kêtêp patutipun | lan jêragêm blarak-pancal | sawêg mèdêm-mèdêm kenging sapuniki | badhe bakah tangkêbnya ||

305. Lan dhuwung sarasah saput-ranti | dhapur Panji-sêkar ganja sanga | sarungan sêmbur kêndhite | Jèngraga lingira rum | ing sih sangêt panrimah-mami | sihipun paman-paman | mring kawula nuwun | tan sagêd amangsulana§ Prayoginipun / amangsulêna /. | pasihane pun paman dhatêng ing kami | anjorogi barana ||

306. Wus mangkana kang samya nadar-sih | wanci wus siyang surya gumiwang | Ke Kidang Wiracapane | angancarani wêktu | salat marang ing masjid alit | Jèngrêsmi Jayèngraga | Ki Kulawiryèku | myang Nuripin Asradênta | modin marbot samya nut salat tan kari | sawusing bakda salat ||

307. Ke Kidang Wiracapa ngling aris | adhi Ragil mungguh ing agêsang | kalih prakawis geyonge | dhingin geyonganipun | ing kaldunya sandhang lan bukti | tan kêna kukurangan | sarat kamuktyan nung | kadya ulam ing sagara | pan uripe mina saking hèr jaladri | jalma kalawan dunya ||

308. Kadya-a mina kasatan warih | pama janma pan kasatan dunya | bilai dunya repote | tan yogi uripipun | gampil lamun winisayèki | malarat praptèng kerat | purêt kang ginayuh | kaya pan nora purêta | si iwak-loh anjarag pisah lan warih | amilar nora nalar ||

--- 10 : 160 ---

309. Kal nèng dunya kadyèka upami | de geyonganing ahli akerat | singsal saking kal dunyane | tan (m)buru sandhang puluk | tan gêgêtun marang kamuktin | muktining sasandhangan | wus nora kaingus | kadya pêksi anèng wiyat | wus tan kêna cinarup samaning pêksi | juwatadewata. muktyèng tawang ||

310. Yèn papeka apa sêbabnèki | yêkti si pêksi nora widada | dadalan dudu tingkahe | mina titahing ranu | pêksi titah ing ngawiyati | singa kang dhèdhèpèya | rusak têmahipun | kêdah anungge ing titah | titah dunya lan titah ahli kerati | tan kêna pepeka-a ||

311. Samya norraga ngawirya katri | myarsa jarre Kidang Wiracapa | wali-wali paprèjènge | sawusira amuwus | bubar mudhun saking ing masjid | Ke Kidang Wiracapa | malbèng dalêm agung | Jayèngraga Kulawirya | mring pondhokanira Ki santri Nuripin | Jèngrêsmi anèng langgar ||

312. Tan cinatur solahirèng ngari | Jayèngraga lan Ki Kulawirya | anèng pondhok anggung gawe | ngompot nèng Gêndra Madu | anutugi karêpirèki | miwah Ki Jayèngraga | kewala kukuwu | nèng pondhoke Kulawirya | tansah among kulina lan Laba wukir | kakantil kakintêlan ||

313. Kae Mas Wirancana Ngabèi | dènnya amangun mangku ing karya | ana ing Lêmbuastane | kongsi ing pitung dalu | pan tan kêndhat kang numbang sami | miwah jagonganira | maksih sabên dalu | myang panguyu-uyunira | ajêngguran pelog slendro angrarangin | kadya lagya wit nabah ||

314. Yata sawusira pitung latri | Ni Rara Widuri dènnya ngarang | branta kingkin ring kakunge | tan nadhah lan tan turu | myang tan kêna dipun-pêraki | mring kula sêntananya | manggung mosra-masru | kalangkung gêng nêpsunira | Ni Widuri anèng dalêm andalêming | lir guywan lan kang raka ||

315. Ibu ramanira aprihatin | myat putranira rara dènnira | ewah tan kaya sabênne | tansah amujung jingkrung | nora kêna pawèstri kèksi | linempar kinèn lunga | dadya tanpa batur | ni lara-lara

--- 10 : 161 ---

kasandhang | ibunira lan kang êmbah Widaryati | samya èmêng tyasira ||

316. Matur marang (n)Jêngira Kiyai | bokmas Wirancana sarwi waspa | Ke Kidang Wiracapane | alon dènnira muwus | ya ta lah putuku Widuri | yèn uga kabanjura | larane gung wuyung | lah iya mêngko manawa | têmu lan nakira kaki Jayèngragi | ngong bolèh kang pramana ||

317. Supaya ywa kabanjur tyasnèki | mring putuningsun kawêlasarsa | saking gêng trêsnèng kakunge | kang sami gunêm rêmbug | Bok mas Wirancana jalwèstri | ing siyang tan winarna | wuwusên ing dalu | ing sakbadanira Ngisa | apan samya adadalon anèng masjid | alit palanggarira ||

318. Jayèngrêsmi lawan Jayèngragi | katri Ki Wuragil Kulawirya | Ke Kidang Wiracapane | Jèngrêsmi lon umatur | lamun parêng karsa (n)Jêng Kyai | kawula benjang-enjang | nuwun lilah laju | umantuk mring Wanamarta | yèn dados tyasipun rakanta (n)Jêng Kyai | kalamèn anèng paran ||

319. Ke Kidang Wiracapa ngling aris | inggih anakmas sumanggèng karsa | nanging tyas-manira wode | acipta dèrèng tuwuk | maksih agung mawantu ring sih | yèn parêng malah mandar | kongsiya satèngsu | nèng karajan Lêmbuasta | wontên marême ibunta Widaryati | wiyadi ring andika ||

320. Jayèngrêsmi turira nuwun sih | langkung pamundhi ingkang sih marma | pintên banggènipun têmbe | sagêd wangsul tumundhuk | mring karajan Lêmbuastèki | Ke Kidang Wiracapa | alon dènnya muwus | mring Pangulu Asradênta | lah undangên nyainira Widaryati | sigra Ki Asradênta ||

321. Angaturi Nikèn Widaryati | datan dangu wau praptanira | sarwi ngirit rampatanerampadane. | wedang pangananipun | sri tinata ana ing ngarsi | ngling yèku sutanira | mêngko bakda Subuh | umangkat mahawèng marga | laju mulih marang ing Wanamartèki | watir lami nèng paran ||

--- 10 : 162 ---

322. Lamun dadya pangarsa-arsèki | kakangira Ki Bayi Panurta | marma nakira pamite | Kèn WidayratiWidaryati. matur | nambung wuwus mring Jayèngrêsmi | dene agêlacutan | ge-age akundur | kalangkung gêlaning driya | dèrèng tuwuk tyas-kula rênaning mèksi | inggih dhatêng andika ||

323. Pênêt rêrêma sing tigang sasi | nutug sarèha nèng Lêmbuasta | kang putra anor ature | inggih kalangkung nuwun | pasihane ibu kapundhi | kang ibu aris nabda | kadospundinipun | rayinta Ki Jayèngraga | mungguh rabinira Ni Rara Widuri | kadospundi ing karsa ||

324. Jayèngrêsmi nolèh mring kang rayi | sarya ngling piye Ki Jayèngraga | mungguh rabinira kuwe | paran karêpirèku | Jayèngraga umatur manis | ing manah tan kabuka | yèn kabêkta mantuk | duka sampeyan ing benjang | lamun wontên karsanipun (n)Jêng Kiyai | yèn sampun kauningan ||

325. Nikèn Widaryati tan kêna ngling | karaos wêlas marang kang wayah | Ni Widuri katuwone | miwah sadayanipun | Kae Kidang Wiracapa ngling | ya pinupus kewala | pan wus bêgjanipun | kayata umur upama | tan kêna pinasthi dawa cêndhaknèki | jodho lawas enggalnya ||

326. Yèn amikir liwat kawlas-asih | lamun pinupus ing pasthinira | ing ganjaran dhewe-dhewe | Widaryati umatur | inggih lêrês dhawuh (n)Jêng Kyai | wus samya lêjaring tyas | pinupusing kalbu | Jayèngrêsmi aturira | kula nuwun wuwulang jatining ngèlmi | wêkasaning kasidan ||

327. Mupung sagêd maksih apapanggih | Ke Kidang Wiracapa ris mojar | mungguh ngèlmu sajatine | datan kenging winuwus | liripun tan kêna ing angling | sabab wus nèng nugraha | tataboning wahyu | kang wahyu wêktuning mangsa | yèn wus mangsa yêkti pêsthining Hyang Widdhi | bisa tanpa karana ||

328. Mangsa takdir tan kêna kinardi | iman tokit lan makripat Islam | puniku pan tuntum dhewe | kuwat santosanipun | dene kuwate kita iki | dede santosa kita | kuwating Hyang Agung | santosanipun [santosani...]

--- 10 : 163 ---

[...pun] Hyang Sukma | kita iki wus kapurba tan duwèni | sirik lamun ngakuwa ||

329. Wujuding ngèlmu puniku muni | jatining muni tan munasika | nênge tan dèn-ucapake | tan anèng warah wuruk | datan ana pituduh wisik | tan anèng pangkongkonan | lan tan anèng guru | tan anèng nala mupakat | wus tan kêna tinakokkên ing sasami | anèng pribadining Hyang ||

330. Lamun maksih arambatan ngèlmi | tuwin mituhu ing wuruk warah | durung tumêkèng jatine | patine ngèlmu suwung | lir sakarat dungkaping pati | makatên malih uga | pan (n)dungkaping ngèlmu | angancik jagad walikan | pan wus coplok singsal saking samèng jalmi | wus nunjêm ing Hyang Sukma ||

331. Puniku anakmas Jayèngrêsmi | wus mupakat gunêming ngulama | mung bisa jêjèrèh bae | tan tumêka ngaluhung | mung rasane mulating Dalil | tan nangsube ing nalar | Dalil kadisipun | nanging ta mangsa luputa | pangikêting nala kang saking kajatin | sidik datan nalimpang ||

332. Namung makatên bageyanèki | wus tan bisa akarya nugraha | nênging dalêm sawijine | kawulaning Hyang Agung | kang kinarsan nugrahèng Widdhi | (n)dungkaping auliya | Allah Kang Maha Gung | mangsa bodhoa kang tampa | ing kasidan tampa kang adurung tampi | nugrahanirèng Sukma ||

333. Langkung panganggêpira pribadi | wus tan kenging pinae-pae ka | nungge anèng pribadine | ing kadadyan puniku | ing pamurihira ing budi | dhaupe lawan badan | tan salayèng surup | badan budi sunêmbadansinêmbadan. | lawan wahyu punika jatining ngèlmi | pandungkaping kasidan ||

334. Jayèngrêsmi miwah Jayèngragi | anor katêgor raosing driya | amiyarsa sasojare | wus ngumum ing pamuwus | pra ngulama kang para ahli | rimbag tan ana siwah | wahananing tuduh | Ki Wuragil Kulawirya | tan kabuka baliwur tyasira aming | kelingankèlingan. Madu Gêndra ||

--- 10 : 164 ---

335. Tan cinatur solahirèng latri | wanci bangun wêktuning ijabah | Ke Kidang Wiracapane | ngling mring garwa tinuduh | lah mundhuta saosan bukti | Ni Widaryati sigra | mundur saking ngayun | anuduh pawonganira | tan adangu bubucu rampadan keritkerid. | sinaoskên ing ngarsa ||

336. Ingancaran samya awawanting | pra ngawirya adan lêkas nadhah | kêmbul samya pakantuke | dènnya bukti anutug | aluwaran ambêng cinarik | sinungkên Asradênta | lan Nuripin kêmbul | wus nutug dènnya amangan | miwah mamangsêgan tinuwukan sami | luwaran sadayanya ||

337. Wanci pajar gidib awalnèki | samya mudhun ngambil toya kadas | Nuripin adan Subuhe | wus sunat ngangkat parlu | Jayèngrêsmi kinèn ngimami | surating wus Patekah | Sujud§ = Surat 32: As-Sajdah. awalipun | adêgira sinujudan | wawacane wusing Patekah kang akhir | surat Al Kasar§ = Surat 108: Al-Kautsar. tuminah ||Lebih satu suku kata: surat Kasar tuminah.

338. Ni Nikèn Widaryati makmum wingking |Lebih satu suku kata: Nikèn Widaryati makmum wingking. rahab mantêp myarsa pamacanya | wus Kinunutan§ = dipun-dongani Qunut. adêge | praptèng tahyatkiripun | salam bakda laju pupuji | dhikir amaca donga | paragating wêktu | salawat asasalaman | wusnya lajêng wangsul mring (ng)gyannira linggih | Jayèngrêsmi turira ||

339. Lamun parêng ing karsa (n)Jêng Kyai | kawula nuwun amit§ Prayoginipun / pamit /. mahawan | umangkat sanalikane | mupung maksih adalu | ing pangestu-dalêm (n)Jêng Kyai | Ke Kidang Wiracapa | rum wijiling wuwus | lah inggih sumanggèng karsa | anjurungkên pangastutining lumaris | raharjaning alampah ||

340. Lawan namung salam bêkti-mami | mugi ka-atura ing ramanta | Kae Bayi Panurtane | Jèngrêsmi aturipun | atur salam ngaras-padèki§ Prayoginipun / ngaraspadèki /. | anulya bêkti marang | salam mring kang ibu | sigra majêng gantya-gantya | Jayèngrêsmi Jèngraga Kulawiryèki | ngabêkti sasalaman ||

--- 10 : 165 ---

341. Widaryati tyasnya lir kapatin | langkung cuwa maêma-êmanya | mring kang putra sadayane | langkung gêng trêsnanipun | kadya siwi (ng)gyannya angukir | astuti ngêmu waspa | rêndhêting pamuwus | lah inggih (ng)gèr sakaliyan | kula amung anjurungakên basuki | myang adhi Kulawirya ||

342. Pangabêkti kawula kang mugi | katura ing rama andika |Kurang satu suku kata: kaaturna ing rama andika. Kae Bayi Panurtane | mugi sagêda têmu | ramandika kalayan rayi | Jèngrêsmi aturira | mugi Hyang Maha Gung | marêngna sagêd papanggya | (n)jêng rama lan paduka Kangjêng Kiyai | margane sih-siniyan ||

343. Sawusira sinabdaning kang sih | wusira linilan pamitira | nulya lèngsèr sing ngarsane | madal pasilanipun | mangkat saking kewala masjid | Ke Kidang Wiracapa | saha garwa mudhun | saking palanggaranira | nguntap lampahing putra kang sêdya mulih | mas tumimbuling toya ||