Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1)

Katalog:Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761
Sambung:
1.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #949.
2.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #950.
3.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #951.
4.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #952.
5.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 01/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #953.
6.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #954.
7.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #955.
8.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #956.
9.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #957.
10.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 02/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #958.
11.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #959.
12.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #960.
13.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #961.
14.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #962.
15.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 03/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #963.
16.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #964.
17.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #965.
18.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #966.
19.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #967.
20.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 04/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #968.
21.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #969.
22.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #970.
23.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #971.
24.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #972.
25.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 05/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #973.
26.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #974.
27.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #975.
28.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #976.
29.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #977.
30.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 06/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #978.
31.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #979.
32.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #980.
33.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #981.
34.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #982.
35.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 07/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #983.
36.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #984.
37.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #985.
38.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #986.
39.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #987.
40.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 08/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #988.
41.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #989.
42.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #990.
43.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #991.
44.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #992.
45.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 09/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #993.
46.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #994.
47.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/2) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #995.
48.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/3) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #996.
49.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/4) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #997.
50.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 10/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #998.
51.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/1) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #999.
52.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1000.
53.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1001.
54.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1002.
55.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 11/5) . Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1003.
56.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1004.
57.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1005.
58.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/3). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1006.
59.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/4). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1007.
60.Centhini, Kamajaya, 1986, 1988-92, #761 (Jilid 12/5). Kisah, Cerita dan Kronikal | Sêrat Cênthini #1008.

--- 11 : [0] ---

SÊRAT CÊNTHINI LATIN 11

YAYASAN CÊNTHINI YOGYAKARTA

--- 11 : [i] ---

SÊRAT CÊNTHINI (SULUK TAMBANGRARAS)

Yasandalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara III (Ingkang Sinuhun Pakubuwana V) ing Surakarta

JILID XI

Kalatinakên Miturut Aslinipun dening KAMAJAYA

[Grafik]

Penerbit: YAYASAN CENTHINI Yogyakarta, 1991

--- 11 : ii ---

Penerbitan punika dipunwragadi dening Dana Banpres S.K. No. 030/8/Th.1988 Tgl.29-2-1988

Babon ingkang kalatinakên

Sêrat CênthiniDitulis dengan huruf Jawa.

SÊRAT CÊNTHINI

Koleksi: Balai Kajian Sejarah Dan Nilai Tradisional Ditjen Kebudayaan Dep. P dan K Yogyakarta

Hak Cipta Dilindungi Undang-Undang

Penerbit: Yayasan Centhini

Buku ini dicetak dengan sumbangan Perum Balai Pustaka.

--- 11 : iii ---

PATHOKAN NGLATINAKÊN SÊRAT CÊNTHINI

Pathokan nglatinakên (transliterasi) Sêrat Cênthini kados ing ngandhap punika:

1. Dhasaring pathokan 'Pedoman Ejaan Bahasa Jawa Yang Disempurnakan'. Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Jakarta 1977.

2. Pangalih-aksara muhung miturut aksara Jawinipun. Pramila wontên satunggal têmbung sêratanipun Latin warni-warni, kadosta:

sudigbya - sudibya;

masjid - mêsjid - masjit;

watak - watêk - watag.

3. Aksara Jawi kasêrat Latin:

caDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... c

daDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... d

dhaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... dh

jaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... j

yaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... y

nyaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... ny

thaDitulis dengan huruf Jawa. ... kasêrat: ... th

4. Sandhangan swantên taling (eDitulis dengan huruf Jawa. ) dipunsêrat: /e/.

Swantên taling ingkang beda pamaosipun kalihan /e/, kasêrat kanthi tandha (diakritik) /è/, i.p. tumrap têmbung-têmbung ingkang kaanggêp pêrlu dipunsukani tandha, kadosta:

Èmpêr - èmpèr;

Lêmpêr - lèmpèr;

Gêgêr - gègèr.

5. Sandhangan swantên pêpêt (êDitulis dengan huruf Jawa. ) dipunsêrat /ê/.

6. Murih runtut saha gampil panglacakipun sabên pupuh dipunwêwahi angka urut: I, II (angka Romawi) sarta pada angka urut: 1, 2 lst.

--- 11 : iv ---

7. Angka urut kaca isining buku jilid 1 angka 1 dumugi tamating jilid 1, kaca 332. Ing jilid-jilid lajêngipun sabên jilid kawiwitan saking kaca 1.

8. Migunakakên têtêngêr:

( ): kangge ngapit perangan wêwahan, kadosta: (m)botên, (ng)gèr, (n)dadosakên.

(?): têtêngêr perangan ingkang mbotên cêtha utawi ingkang risak.

[ ]: ingkang wontên salêbêting têtêngêr punika, botên pêrlu kawaos.

9. Kalêpatan ing dalêm naskah, upaminipun: /gagal/ kaparingan tandha...*) ing wingkingipun, salajêngipun ing ngandhap wontên cathêtan (footnote): prayoginipun /gigal/ = dhawah.

--- 11 : v ---

ISINIPUN SÊRAT CÊNTHINI XI

Sêrat Cênthini Jilid XI isi 52 pupuh, wiwit pupuh 638 dumugi pupuh 690. ... kaca 1-357

Urut-urutanipun saha gancaring cariyos kados ing ngandhap punika:

I. Sasampunipun katilar garwa, Nikèn Tambangraras kathah ingkang nglamar, nanging sadaya katampik. Kudasrênggara ing Panataran nglamarakên adhinipun, Sawojajar, ugi katampik, lajêng badhe mêjahi Ki Bayi Panurta. Kaprayogèkakên damêl gambaripun Sawojajar kalêbêtna ing griyanipun Tambangraras supados sumêrap rupinipun sang panglamar. Gambar kalêbêtakên dening durjana, dumadakan sang durjana gandrung dhatêng Tambangraras. Nalika nyêlaki, sanalika kantaka. Durjana tobat, malah kaganjar. Nikèn Tambangraras lajêng lolos kadhèrèkakên Ni Cênthini.

1. Plajêngipun Jamal Jamil sasampunipun sumêrap Sèh Amongraga kalarung ing sagantên kidul, dumugi ing Wanamarta. Sadaya lêlampahan katur Ki Bayi Panurta sakulawarga saengga ndadosakên sungkawa. Nikèn Tambangraras dhawah kantu, karapu dening rama ibunipun. ... kaca 1-4

2. Ki Kudasrênggara ing Panataran utusan nglamar Nikèn Tambangraras badhe kajodhokakên kalihan adhinipun wasta Ki Sawojajar. Utusan mbêkta raja-kaya pitik-iwèn kathah sangêt, ewadene panglamaripun katampik jalaran Nikèn Tambangraras botên kêrsa emah-emah. Ki Kudasrênggara duka, lajêng badhe utusan mêjahi Ki Bayi Panurta, nanging sagêd kasabarakên.

--- 11 : vi ---

Kaprayogèkakên damêl gambaripun Ki Sawojajar, lajêng kalêbêtna kanthi lampah sandi dhatêng Wanamarta saengga Nikèn Tambangraras sagêd nyumêrapi gambar wau. Gambar kadamêl dening juru sungging turun jaman Majapahit, Ki Dewangga. Utusan durjana Ranggajanur tuwin Gagakrimang sagêd lumêbêt ing dalêmipun Nikèn Tambangraras, nanging sarêng nyumêrapi rupinipun sang Nikèn, Ki Ranggajanur salin salaga, têmahan gandrung kapirangu. Sarêng jumangkah badhe mondhong sang wulanjar, dumadakan dhawah kantaka. Sasampunipun tobat, lajêng kaparingan ganjaran, wêkasan sami wangsul dhatêng Panataran. ... kaca 4-24

3. Sapêngkêripun durjana, Nikèn Tambangraras sangsaya nggrantês manahipun. Ing cipta namung kapengin pêjah. Lês katilêman sakêclapan, wasana nglindur bêngok-bêngok, kagigah dening Cênthini. Rumaosipun Sèh Amongraga dhatêng nyandhing tilêmipun. Cênthini angrêrapu, nanging Nikèn adrêng badhe kesah nglampus. Kataros, Cênthini ndhèrèk sapurug-purug, lajêng mangkat kanthi anamur-lampah, mangangge sarwi têtambalan sêsinglon Ni Selabrangta, Cênthini têtêp nama aslinipun. Lampahipun lumêbêt wana pagrêngan. Ing samargi-margi mêmucal Cênthini bab agami dalah jêjêr-paugêraning salat lan sanès-sanèsipun. Lajêng lêrêm ing salêbêting guwa ngantos sumêrap lamat-lamat dhusun Wanataka, padhepokanipun Ki Mangunarsa, ngulama wadat kanthi santri wasta Monthèl. Sarèng Nikèn Tambangraras abên-ajêng kalihan Sèh Mangunarsa sakalangkung kagèt, jalaran saparipolah sarta ucapanipun botên têbih kados Sèh Amongraga. Nikèn ngakên tiyang duraka prihatos katilar ing laki. Santri Monthèl kautus murugi Ki Anggungrimang ing tanggi dhusun, kinèn ambêkta têrbang. Dalunipun têrbangan kanthi singiran. ... 24-38

--- 11 : vii ---

4. Dumados sual-jawab Cênthini kalihan santri Monthèl bab agami, kadosta: Islam lan iman lss, kasambêt sual-jawabipun Nikèn Tambangraras kalihan Sèh Mangunarsa lan Ki Anggungrimang. Sarêng rêmbagipun dumugi bab tokid, Sèh Mangunarsa karaos nunggil-piwulang kalihan Ni Selabrangti, mila lajêng pitakèn, sintên gurunipun. Wangsulanipun Ni Selabrangti gurunipun Sèh Amongraga, ing timuripun asma Jayèngrêsmi, i.p. gurulakinipun ingkang lêlanabrata ngupadosi adinipun nama Jayèngsari lan Rancangkapti, dumugi ing Mataram kadakwa ngrisak sarak lajêng kaukum larung ing samodra kidul. Sèh Mangunarsa sanalika botên sagêd ngucap, wêkasan blaka, bilih Jayèngrêsmi (Sèh Amongraga) punika kakangipun ingkang dipun-padosi. Sèh Mangunarsa ing ngajêng wasta Jayèngsari, dene adhinipun, Rancangkapti, dados semahipun Anggungrimang. ... kaca 38-48

5. Dhatêngipun Sèh Amongraga

Sasampunipun têtela pawartosipun bab Jayèngrêsmi (Sèh Amongraga), Ki Anggungrimang kadhawuhan mantuk suka sumêrap dhatêng Rancangkapti. Mirêng bilih kakangipun sampun pêjah kaukum larung, sanalika Rancangkapti dhawah kantaka malah dumugi ing tilaripun, dados tangisan sasanak kulawarga. Ki Mangunarsa lan Ni Selabrangta dhatêng, Ki Mangunarsa dhawah kantaka, Ni Selabrangta sêmaput, Cênthini dhawah gêgulungan. Enjingipun, sadèrèngipun layonipun Rancangkapti dipun-sirami, wontên kaelokaning Pangeran, dumadakan Sèh Amongraga rawuh. Enggal-enggal Ni Selabrangti ngabêkti, kasusul Ki Mangunarsa lan Ki Anggungrimang. Rancangkapti tangi gêsang malih. Sèh Amongraga ngandika bilih sampun araga-sukma, gêsang ing alam sanès. Dhawuhipun supados Cênthini kadhaupakên kalihan santri Monthèl. Ki Mangunarsa kadhawuhan yasa asrama ing Jurang

--- 11 : viii ---

Jangkung minangka panêpènipun Sèh Amongraga kalihan Ni Selabrangta. Sèh Mangunarsa lan Ki Anggungrimang samangsa-mangsa sagêd pinanggih sasampunipun iktikap sawatawis. ... kaca 48-54

II. Ki Bayi Panurta utusan Jayèngrêsmi lan Jayèngraga ngupadosi mbakyunipun. Lampahipun kadalon, sipêng ing griyanipun randha Tilarsa ingkang gadhah anak èstri kalih, dèrèng emah-emah. Kêkalihipun kapranan dhatêng tamunipun. Enjingipun Jayèngrêsmi Jayèngraga pamit, anakipun Ni randha sami gandrung mèh kados ewah. Kadhukunakên, sagêd waluya. Jayèngrêsmi Jayèngraga kapanggih tiyang sêpuh ahli sastra lan pêpetangan, angsal piwulangipun. Miturut petangan, ingkang lolos sami wilujêng.

1. Ing Wanamarta Ki Bayi Panurta sarêng maos sêratipun Nikèn sakalangkung sungkawa. Putranipun Ki Bayi, Jayèngrêsmi lan Jayèngraga kadhawuhan ngupadosi mbakyunipun. Kadang kêkalih lumampah ngambah wana wêrit. Samargi-margi Jayèngrêsmi tansah muruk adhinipun bab ngèlmu lan tatakrama. Lampahipun tumuju dhatêng ing Ngardipala padhepokanipun Sèh Malangkarsa, mitranipun Jayèngrêsmi. Kasaputing dalu sami nyipêng ing griyanipun Nyi Randha Tilarsa ing dhusun Sindurêja, gadhah anak èstri kalih ayu-ayu, Ni Sumarsa lan Ni Warsiki, sami dèrèng emah-emah. Dalunipun sami têrbangan, Ni Sumarsa kasmaran dhatêng Jayèngrêsmi, Ni Warsiki dhatêng Jayèngraga. Ing dalunipun Ni Warsiki nusul Jayèngraga ing patilêmanipun, nanging sagêd kaarih-arih. Jayèngrêsmi dalah Ni Warsiki sami supêna lintu-asmara. Enjingipun para tamu pamit nglajêngakên lampah. Ingkang tinilar wayang-wuyungan prasasat sakit ewah, kadhukunakên dhatêng Ki Rumbaka, sagêd waluya. ... kaca 54-69

--- 11 : ix ---

2. Lampahipun Jayèngrêsmi kalihan adhinipun dumugi ing rêdi Ujungan, dhusun Simpar isi tiyang sêpuh-sêpuh ingkang sampun kasupèn dhatêng tatakrama, nanging sugih kagunan, karawitan, dhalang, kêmasan, mranggi lss. Lajêng nêrusakên lampah dumugi Sidapaksa, kèndêl ing palerenan, wontên gamêlanipun jangkêp. Ugi wontên buku-buku kapurih maos Jayèngraga botên sagêd jalaran têmbangipun Palugangsa. Jayèngrêsmi suka tuladha swantênipun arum. Dumadakan wontên Kaki Tuwa mrêpêki lan pitakèn wigatosing lampahipun kêkalih. Jayèngrêsmi balaka. Ki Tuwa wau ahli sastra kapujangganipun Êmpu Yogiswara. Kajawi mangêrtos bab buku mawarni-warni, ugi ahli petang. Miturut petanganipun Ki Tuwa, lampahipun kadang kêkalih badhe angsal damêl. Kadang kêkalih sami angsal piwulang kasusastran lan petang warni-warni, lajêng sami nglajêngakên lampah dhatêng Ngardipala. ... kaca 69-76

3. Dhusun Ngardipala, padhepokanipun Sèh Malangkarsa, kinubêngan dhusun lèr kidul wetan kilèn, padhepokanipun para sêkabatipun. Jayèngrêsmi nyariyosakên wigatosing lampah ngupadi mbakyunipun.

Sèh Modang ing bang kidul nate nyumêrêpi lampahipun tiyang èstri kalih saking Wanamarta, wasta Selabrangta kadhèrèkakên Ni Cênthini. Sèh Malangkarsa mirêng, bilih Rubiyah ingkang kadhèrèkakên cèthi wau wontên ing Wanataka, wartosipun ipenipun Sèh Mangunarsa. Dumadakan katungka sowanipun Ki Monthèl utusan saking Wanataka, mbêkta sêratipun Sèh Amongraga katur Ki Bayi Panurta. Ki Monthèl nglajêngakên lampah dhatêng Wanamarta. Jayèngrêsmi Jayèngraga dhatêng Ngardisalah badhe sami amartapa, jinurungan dening Sèh Malangkarsa. ... kaca 76-84

--- 11 : x ---

III. Ni Turida lan Rarasati kontrang-kantringan jalaran katilar lakinipun, wêkasan lajêng kesah nglampus. Ing têngah wana kapanggih danawa kadadosanipun Bathara Kala, paring pitêdah margi dhatêng Ngardisalah, papaning lakinipun. Katambahan pitêdah cêtha dening Ni mBok Rarasati ingkang martapa ing guwa. Wêkasan kêkalihipun kapanggih lakinipun, Jayèngrêsmi Jayèngraga ingkang martapa ing Ngardisalah.

Ni Turida semahipun Jayèngrêsmi tuwin Ni Rarasati semahipun Jayèngraga ingkang katilar lakinipun, sami kontrang-kantringan têtangisan, wêkasan sami nêmpuh byat kesah botên kantênan ingkang sinêdya.

Wontên têngah wana kapêrgok danawa ingkang angajrih-ajrihi. Samusnaning danawa katingal Bathara Kala, paring pitêdah margi dhatêng Ngardisalah, papan partapanipun Jayèngrêsmi lan Jayèngraga. Lampahipun dumugi ing dhusun Pringgabaya, papan pasantrèn, têtunggulipun nama Ki Paranjèn. Sang Kyai bingah rumaos angsal kabêgjan, kadhatêngan wanita kalih badhe kapêndhêt semah, nanging Ni Turida kipa-kipa. Wêkasan adamêl sual, manawi Ki Paranjèn sagêd ambatang, Ni Turida purun dados nyainipun. Sualipun: sadurunge ana bumi langit, ingsun lawan sira, paman uga durung ana, ing ngêndi pêrnahira? Jawabipun Ki Paranjèn kaanggêp botên lêrês, lajêng katilar kesah nglajêngakên lampah. Ing samargi-margi tansah sêsambat saengga kapirêng dening wanita Ni mbok Rarasati ingkang martapa ing guwa nanging botên katingal. Sarêng ngatingal, asung pitêdah supados sami lumampah ngidul-ngetan dumugi ing Ngardisalah. Ni Turida lan Ni Rarasati sagêd kapanggih lakinipun ingkang sami martapa, kêkalihipun sami tumut têtèki. ... kaca 84-98

--- 11 : xi ---

IV. Ki Bayi Panurta kagubêl dening garwanipun Ni Malarsih ngajak ngupadosi para putra lan mantunipun. Ki Monthèl sowan ngaturakên sêrat saking Sèh Amongraga ing Wanataka. Ki Bayi sakalihan lajêng kesah tumuju Wanataka kanthi namur lampah. Ki Bayi gantos nama Ki Arundaya, Ni Malarsih mawi nama Ni Malarêsmi. Dumugi ing Ngardimuncar kapanggih Ki Ardimuncar lan adhinipun, Arundarsa. Dalunipun rêrêmbagan bab ngèlmu agami. Enjingipun têrus dhatêng rêdi Bustam kapanggih mitra lami Cariksutra lan Carikmudha. Ki Bayi mêjang bab tokid tuwin iman. Enjingipun nglajêngakên lampah. Cariksutra lan Carikmudha sami ndhèrèk.

1. Salolosipun Ni Turida tuwin Ni Rarasati ngupadosi lakinipun, Ni Malarsih ngajak Ki Bayi Panurta madosi putra lan mantunipun. Santri Luci kautus ngupadosi, ing margi kapanggih Ki Monthèl lajêng kasowanakên ngaturakên sêratipun Sèh Amongraga saking Wanataka. Ki Bayi lan semahipun lajêng sami mangkat kanthi nylamur, mangangge sarwi luwas sarta gantos nami: Ki Arundaya lan Ni Malarêsmi. Lampahipun tumuju dhatêng Ngardimuncar, kapanggih mitra lami Sèh Ardimuncar tuwin adhinipun Ki Arundarsa. Dalunipun sami rêraosan bab kasampurnaning iman, miturut ngèlmu makripat dumugi babaring kalêpasan. Ki Arundaya ngandikakakên wigatosing lampah, ngupadosi putra ingkang wontên dhukuh Wanataka. Sèh Ardimuncar ngaturakên bilih nate kampiran Ki Monthèl mbêkta sêrat katur Ki Bayi Panurta ing Wanamarta ingkang tundonipun inggih Ki Arundaya punika. Enjingipun sami nglajêngakên lampah dhatêng rêdi Bustam. ... kaca 98-111

--- 11 : xii ---

2. Ki Arundaya sakalihan dumugi ing rêdi Bustam, kapanggih mitra lami Ki Arsèngbudi dalah semahipun Nikèn Wiyadi. Ki Arsèngbudi nyuwun sêsêrêpan bab tokid lan iman sarta dalil lan hidayat. Ki Arundaya ngandikakakên wigatosing lampah badhe dhatêng Wanataka, enjingipun nglajêngakên lampah, kadhèrèkakên santri sakawan ingkang pitêdah margi. ... kaca 111-125

3. Lampahipun Ki Arundaya sakalihan dalah santri sakawan nglangkungi wana Jêmbul ingkang gawat, botên kenging salah-damêl, wêkasan sami wilujêng. Ing margi santri sakawan pamit wangsul sasampunipun nganturi pitêdah margi ingkang gampil. Ewadene Ki Rundaya kasasar, nanging malah kalêrêsan jalaran lajêng sagêd kapanggih mitranipun ing pasantrèn duking nguni, i.p. Ki Cariksutra lan adhinipun, Carikmudha. Ki Arundaya karangkul Carikmudha, sami kemutan duking mudha sami lampah durjana. Dalunipun sami têrbangan lan singiran, para èstri, bojonipun Cariksutra sêkawan, Carikmudha kalih, sadaya sami andhulêngi.

Enjingipun Ki Arundaya sakalihan nglajêngakên lampah dhatêng Ngardipala. Cariksutra lan Carikmudha sami ndhèrèk bêkta santri kalih. Samargi-margi tansah nyuwun piwulang bab ngèlmu agami. Lampahipun dhatêng Ngardipala nglangkungi sêndhang Balara, padusanipun tiyang kathah. ... kaca 125-157

V. Ing Ngardipala Sèh Malangkarsa katamuwan Cariksutra lan Carikmudha ndhèrèkakên Ki Bayi sakalihan. Ni Malarêsmi têrus anggubêl supados sagêd enggal kapanggih para putranipun. Sèh Malangkarsa utusan Ki Modang lan Ki Trêsnaraga nimbali Jayèngrêsmi lan Jayèngsari ing Ngardisalah. Ing wana kapapag danawa dados

--- 11 : xiii ---

pancakara, danawa badhar dados Ajar Sangularas, sagah ngirid dhatêng Ngardisalah, nanging ical saking pandulu, dumadakan sami santun paningal ngadhêp Sèh Raras (Jayèngrêsmi), Ajar Sangularas lan Sèh Rêsmi (Jayèngraga) dalah para semahipun. Jayèngrêsmi lan Jayèngraga botên purun sowan rama-ibu, nanging ing têmbe sadaya badhe kapanggih ing Jurang Jangkung. Ni Malarêsmi nyuwun supados enggal dhatêng Jurang Jangkung (Wanataka), lajêng sami mangkat.

1. Sèh Malangkarsa ing dhusun Ngardipala katamuwan Ki Cariksutra lan Carikmudha ndhèrèkakên Ki Arundaya sakalihan. Tamu kapanggihan Sèh Malangkarsa dalah sakabatipun. Ki Arundaya ngandikakakên wigatosing lampah ngupadosi putranipun, Jayèngrêsmi lan Jayèngraga. Sèh Malangkarsa ambêbolèhi kanthi nylamur rêmbag, nanging Ni Malarêsmi tansah nyuwun supados enggal sagêd kapanggih para putranipun. Rèhning lampahipun dhatêng partapanipun putra ing Ngardisalah rumpil sangêt, mila Sèh Malangkarsa utusan Ki Modang lan Ki Trêsnaraga nimbali para putra wau. ... kaca 157-174

2. Ki Modang lan Ki Trêsnaraga mangkat lumêbêt ing wana wêrit. Ing satêngahing wana kenging godha rêncana kapapagakên danawa seluman engga dados pancakara. Wêkasan danawa badhar dados Ajar Sangularas, ngirid sakalihipun dhatêng Ngardisalah. Dumadakan Ajar Sangularas ical saking pandulu, lajêng santun sêsawangan. Sèh Raras inggih Jayèngrêsmi ingkang sampun araga-sukma katingal lênggah jajar ing sela gilang kalihan Ajar Sangularas lan Sèh Rêsmi (Jayèngraga). Ni Turida lan Ni Rarasati ugi wontên, sinawang sakalangkung endahing warni. Sèh Raras suka katrangan, botên badhe kapanggih rama-ibu, jalaran

--- 11 : xiv ---

ing têmbenipun sadaya badhe sami kapanggih wontên ing Wanataka. Para utusan pamit wangsul nanging botên sumêrêp marginipun. Sèh Rêsmi asung pitulungan anggancangakên lampah. Sanalika Ki Modang lan Ki Trêsnaraga kabuncanging angin kumbul ing gêgana, wêkasanipun dumugi ing Ngardipala. Bakda Mahrib Ki Modang lan Trêsnaraga ngaturakên rèhing dinuta.

Enjangipun Ki Arundaya sakalihan lumampah dhatêng Wanataka kadhèrèkakên Sèh Malangkarsa lan sakabatipun kalih. Ki Cariksutra, Ki Carikmudha lan santrinipun mantuk, nyarêngi lampah, nyimpang ing têngah margi. ... kaca 175-191

VI. Ing Wanataka, Ki Bayi sapandhèrèk kapanggih Sèh Mangunarsa ingkang ngaturakên bilih sagêdipun kapanggih Sèh Amongraga wontên ing Jurang Jangkung, mila Ki Bayi sakalihan lajêng mangkat daya-daya badhe kapanggih putra lan mantunipun. Pêpanggihan sawatawis, Sèh Amongraga matur bilih botên sagêd wangsul dhatêng Wanamarta. Namung Jayèngrêsmi lan Jayèngraga ingkang sagêd wangsul, nanging taksih sami sêmados badhe nutugakên anggènipun nyêpi rumiyin.

1. Ki Bayi Panurta sapandhèrèk nglajêngakên lampah dhatêng Wanataka. Lampahipun nglangkungi sêndhang Kalampeyan pangangsonipun tiyang kathah lan papan pêpanggihanipun Sèh Mangunarsa lan Sèh Anggungrimang kalihan Sèh Amongraga. Sèh Mangunarsa sampun angsal dhawuhipun Sèh Amongraga bilih Ki Bayi Panurta sakalihan badhe rawuh ing Wanataka. Sèh Mangunarsa nimbali Sèh Anggungrimang dalah semahipun, Ni Rancangkapti. Ki Monthèl lan Cênthini rêramban ing patêgalan, dumadakan sami sumêrap rawuhipun Ki Bayi Panurta sakalihan, lajêng mapagakên kanthi têtangisan.

--- 11 : xv ---

Sèh Mangunarsa atur uninga bilih para putra tuwin mantu badhe manggihi Ki Bayi Panurta sakalihan wontên ing Jurang Jangkung. Bakda Ngisa, sasampunipun ubarampe sêsaji tuwin padupan karakit dening Cênthini, lajêng sami bidhal dhatêng Jurang Jangkung. Sasampunipun Ki Bayi sakalihan tirakat tigang dalu, Sèh Amongraga sarta garwa lan adhi-adhinipun sarimbit sami ngatingal. Para mantu lan putra sami ngabêkti. Ki Bayi lajêng dipun aturi kundur rumiyin, benjing yêkti kapanggih malih wontên ing sêndhang Kalampeyan. Sampun lêjar panggalihipun Ki Bayi sakalihan. ... kaca 192-220

2. Ing Sêndhang Kalampeyan Ki Bayi sakalihan lan pandhèrèk sami tirakat sadintên sadalu kanthi padupan kumêlun. Sadaya sami dhikir lan ngêningakên panuwun. Kabuling panuwun katingal wêwèntèhan Sèh Amongraga sakalihan, Sèh Raras lan Sèh Rêsmi sasemahipun sami ngatingal. Sadaya lajêng ngabêkti rama-ibu tuwin salaman kalihan para kulawangsa. Ki Bayi ngasih-asih supados para putra lan mantu sadaya wangsul dhatêng Wanamarta. Sèh Amongraga botên sagêd minangkani karsanipun Ki Bayi, jêr sampun karsaning Allah pisah kawontênanipun. Namung putra kakung kêkalih dalah semahipun badhe sagêd wangsul ing Wanamarta. Sèh Amongraga asung pitêdah paugêraning agêsang kinarilana ing Hyang Widhi sarana sabar tawakal. Ni Cênthini ngirid rampadan dhadharan dhatêng Kalampeyan. Sadaya sami nêdha kajawi Sèh Amongraga sakalihan. Jayèngrêsmi tuwin Jayèngraga kadhawuhan nêdha dening Sèh Amongraga supados wangsul kasujanmanipun, tilar alam kaalusan.

Bakda Ngasar sami dhatêng Jurang Jangkung ningali paguwan panêpènipun Sèh Amongraga.

Sabibaripun salat Mahrib lan Ngisa, sami dhikir, lajêng dipun dongani dening Ki Bayi Panurta binarunging

--- 11 : xvi ---

lêlagon dening Ki Piturun ingkang ing nguni wasta Nurwitri pandhèrèkipun Sèh Anggungrimang, ing nguni wasta Mas Cêbolang. Sakalihipun swantênipun arum, undha-usuk kalihan swantênipun Jayèngraga. ... kaca 221-246

3. Enjingipun, sadèrèngipun Sèh Malangkarsa mantuk, taksih angsal wêjanganipun Sèh Amongraga bab jumbuhipun kawula Gusti. Sasampunipun sarapan Sèh Malangkarsa dalah pandhèrèkipun Ki Pariminta lan Ki Amongsari sami mantuk dhatêng Ngardipala. ... kaca 246-251

4. Ki Bayi ngajak Jayèngrêsmi mantuk dhatêng Wanamarta nanging kêkalihipun sêmados badhe nutugakên nyêpi rumiyin ing Wanataka. Ki Bayi sakalangkung ngungun. Sèh Amongraga lan Nikèn Tambangraras ngatingal lan ngabêkti rama ibu. Enjingipun Ki Bayi Panurta kundur dhatêng Wanamarta kadhèrèkakên Cênthini, Ki Monthèl, Salodha, Saloka, Prakosa lan Drêmaduta. ... kaca 251-257

VII. Ki Bayi sakalihan sapandhèrèk kundur dhatêng Wanamarta. Dhusun Wanamarta katingal sêpi lan nawung sungkawa salêbêtipun katilar Ki Bayi sakalihan. Miturut ahli petang Ki Sêmbagi kunduripun Ki Bayi sakalihan dèrèng sagêd katêmtokakên, nanging Ki Luwaran, putranipun Ki Sêmbagi, ngaturakên bilih Ki Bayi enggal badhe rawuh. Lampahipun Ki Bayi ing wanci Ngasar dumugi ing dhusun Pagutan, lêrêm ing griyanipun Ki Nuripin. Kêrsanipun badhe lumêbêt Wanamarta kanthi sêsidhêman. Dumugi ing dalêm, kapêrgok Ki Kulawirya ingkang badhe nyumêd damar ing mêsjid Mangu. Sadaya kulawarga sami bingah dumugi tiyang sadhusun, malah ugi têtiyang tanggi dhusun sami sowan atur kasugêngan.

--- 11 : xvii ---

1. Ki Bayi Panurta sakalihan pamit dhatêng Sèh Mangunarsa badhe kundur dhatêng Wanamarta. Ni Cênthini lan semahipun Ki Monthèl kadhawuhan ndhèrèk supados Cênthini sagêd mêndhêt barang-barangipun ingkang wontên ing Wanamarta. Ki Bayi sakalihan sakalangkung lêjaring panggalih dene sampun kapanggih wêwentehan kalihan para putra lan mantunipun, nanging kuciwa dene putra jalêr kêkalihipun dèrèng purun wangsul dhatêng Wanamarta. ... kaca 257-260

2. Ing Wanamarta, sadaya sami prihatos lan nyênyuwun sagêda Ki Bayi sakalihan kapanggih para putra lan enggala kundur. Miturut Ki Sêmbagi ahli petang, kunduripun Ki Bayi taksih dangu, botên sagêd kaajêng-ajêng. Wontên pamanggih, punapa prayogi dipun-susul? Ki Luwaran, putranipun Ki Sêmbagi gadhah pamanggih bilih Ki Bayi sampun ndungkap rawuhipun. Pamanggih wau maibên petangipun Ki Sêmbagi, mila dados rame, nanging Ki Luwaran têtêp nêmtokakên sêdintên kalih dintên punika Ki Bayi mêsthi rawuh, jalaran saèstunipun Ki Luwaran sampun mirêng bilih Ki Bayi sampun wontên ing dhusun Saruni. Ki Bayi sapandhèrèkipun mila sampun nyêlaki Wanamarta, nanging lêrêm ing dhusun Pagutan, ing griyanipun Ki Nuripin. Badhe lumêbêt ing Wanamarta kanthi sêsidhêman. Wêkdal rêpêt-rêpêt Ki Bayi sakalihan kundur, kapêrgok Kulawirya ingkang badhe nyumêd damar ing mêsjid Mangu. Salajêngipun kulawarga jalêr èstri, tangga têpalih, sanak kadang dhusun-ngadhusun sami dhatêng gilir gumantos tuwi kasugênganipun Ki Bayi Panurta tuwin Ni Malarsih. Sasampunipun sawatawis dintên, Ni Cênthini lan Ki Monthèl pamit wangsul dhatêng Wanataka, kaêtêrakên Ki Nuripin lan Ki Jayuda. Bêktanipun kathah jalaran para sadhèrèk lan mitranipun sami nyumbang barang mawarni-warni. ... 261-288

--- 11 : xviii ---

VIII. Sèh Amongraga dhawuh dhatêng Jayèngrêsmi Jayèngraga supados yasa padhepokan ing Wanatawang lan Wanasonya. Sèh Amongraga lajêng lêlana ing alam alimut sarta nyipta Kutha Waja utawi Pulo Wêsi isi mas picis rajabrana. Kathah tiyang sami dhatêng, kêparêng mêndhêt barang-barang sasênêngipun. Pandhita ing Bangkaulu Ki Dhatuk Ragarunting badhe nyobi kasêktènipun Sèh Amongraga, dhatêng ing Kutha Waja kadhèrèkakên muridipun wolungdasa, wasana botên sagêd mapaki Sèh Amongraga lan kawirangan. Sèh Amongraga midêr-midêr ing pulo Jawi dumugi ing Guwa Langse, kapanggih Ki Darmèngbudi, nyuwun puruita, kawêjang, wasana sakala mlêsat dumugi Palembang adamêl sirêp pagêblug ing ngrika. Sèh Amongraga sakalihan kapanggih Ki Ragarêsmi nyuwun puruita, kawêjang dening Nikèn Tambangraras lan dados muridipun, lajêng ndhèrèk dhatêng Wanataka. Ing Wanataka Jayèngrêsmi tuwin Jayèngraga, karawuhan Sèh Amongraga sakalihan lan kadhawuhan mantuk dhatêng Wanamarta, jalaran Ki Bayi Panurta nandhang gêrah.

1. Wanci bakda Ngasar ing Wanataka Sèh Mangunarsa lêlênggahan kalihan Sèh Anggungrimang, Jayèngrêsmi lan Jayèngraga dalah para semahipun. Sèh Mangunarsa dhawuh supados Jayèngrêsmi lan Jayèngraga yasa padunungan ing sakiwa têngênipun Jurang Jangkung, i.p. ing Wanatawang lan Wanasonya, dumadakan Sèh Amongraga sakalihan rawuh. Jayèngrêsmi lan Jayèngraga badhe ndhèrèk botên dipun parêngakên. Sèh Amongraga sakalihan lajêng lêlana ngidêri tanah Jawi, wêkasan nyipta Kutha Waja utawi Pulo Wêsi ing Watingkup, muaranipun bumi Bantên. Pulo wau kados rakiting praja, rêrêngganipun sarwa gumêbyar, kathah

--- 11 : xix ---

mas picis rajabrana, sutra, sêmbagi sarta barang-barang endah lan anèh-anèh. Tiyang-tiyang saking Acèh, Banjar, Riyo, Lampung, Kangeyan lss. ingkang dhatêng ing ngriku kenging mêndhêt sasênêngipun. Kabar waradin lan kapirêng dening Ki Dhatuk Ragarunting ing Bangkaulu, lajêng numpak prau dhatêng Pulo Wêsi kadhèrèkakên muridipun tiyang wolungdasa. Niyatipun badhe nyobi kasêktènipun Sèh Amongraga, wasana kawêlèh-wêlèh. Sasampunipun kapanggih, kajawi mêndhêt barang sasênêngipun, malah nêdha Nikèn Tambangraras, ugi kaparingakên. Ing têngah margi Nikèn Tambangraras musna, praunipun Ki Dhatuk kabuncang ing angin, ngantos sadaya barang-barang ical, Ki Dhatuk kawirangan. ... kaca 288-316

2. Nikèn Tambangraras sampun kêmpal Sèh Amongraga malih, lajêng ndhèrèk lêlana midêr-midêr dumugi ing Guwa Langse pasisir kidul, kadhatêngan tiyang nama Ki Darmèngbudi. Ki Darmèngbudi kadhawuhan nggêbyur sagantên, rumaosipun ngadhêp Sèh Amongraga winêjang saliring ngèlmu kajatèn, nuntên mlêsat dhawah ing mêsjid Palembang ingkang sawêg wontên pagêblug, wêkasan pagêblug dados lan sirêpipun. ... kaca 316-321

3. Ulama ahli lampah wasta Ki Ragarêsmi lêlana ngudi sampurnaning pêjah, kapanggih Sèh Amongraga sakalihan, lajêng anggêguru. Winêjang dening Nikèn Tambangraras bab sajatining Allah lan sih panguwaosipun ingkang tanpa timbang dumugi ngèlmu kasampurnan. Sasampunipun kawêjang lan dados muridipun, lajêng ndhèrèk tindakipun Sèh Amongraga sakalihan dhatêng Wanataka. ... kaca 321-337

--- 11 : xx ---

IX. Jayèngrêsmi tuwin Jayèngraga sasemahipun mantuk dhatêng Wanamarta

Ing Wanataka, anggènipun bêbadra Jayèngrêsmi lan Jayèngraga sampun wujud dhusun kalih, lèr lan kidul kinêmbar. Têtanêmanipun palakirna lan tiris sampun mancung, ngamalipun sampun kathah. Sanak sadhèrèkipun saking Wanamarta sampun kathah ingkang tuwi. Putra Wanamarta kêkalih wau sami kangên rama ibu ingkang miturut pawartos sami nandhang gêrah. Sèh Amongraga sakalihan rawuh kadhèrèkakên Ki RagarêmRagarêsmi. paring dhawuh supados Jayèngrêsmi lan Jayèngraga mantuk dhatêng Wanamarta, kaêtêrakên dening Sèh Mangunarsa lan Sèh Anggungrimang. Ni Rancangkapti kêlayu, kaparêngakên dhèrèk. Sadaya bidhal dhatêng Wanamarta. Lampahipun dumugi sêndhang Balara kapanggih Basariman, pangulu ing Ngardipala, lajêng kairid sowan Ki Malangkarsa, kapanggih sami suka rêna manahipun. ... kaca 337-357

--- 11 : 1 ---

SÊRAT CÊNTHINI XI

638. Kinanthi

1. Warnanên kang andon nglangut | ing siyang dalu lumaris | anêrajang jurang-jurang | sêngkan pèrèng rumpil-rumpil | datan kawarna laminya | andungkap sampun sawarsi ||

2. Salir solah-bawanipun | apan ta datan winarni | kacatur nèng Sotyaganda | mangkana lagyane prapti | kathah kang wong puruita | siyang dalu samya prapti ||

3. Panjang-panjanging acatur | saya akathah wong prapti | sangsaya katular-tular | dadya katur ing narpati | Sultan Ing Ngalaga myarsa | saking aturing pra kêtib ||

4. Gusti wontên kaum rawuh | wastanipun Amongragi | tuhune sampun utama | rencange amung kakalih | ngèlmune purun amiyak | wawadinipun (n)Jêng Gusti ||

5. Sang nata kagèt kalangkung | miyarsa aturing kêtib | dadya sang nata sru duka | kinèn ngukum mring pra mukmin | pangulu pra nayaka |Kurang satu suku kata: pangulu lan pra nayaka. samya kinèn angukumi ||

6. Tumênggung Wiragunèku | kang tinuduh de sang aji | lan pangulu natagama | keringan kang para mukmin | mantrine Ki Wirajamba | ambuwang Sèh Amongragi ||

7. Binuwang pasisir kidul | amblês tan ana kaèksi | pangrasane kang tumingal | kang binuwang mring pasisir | pangulu lan Wirajamba | amung Ki Amongragèki ||

8. Amongraga tan cinatur | sadaya wus bubar mulih | wadya ing Nayanaganda | warnanên santrine kalih | pangiringe Amongraga | kang wasta Ki Jamal Jamil ||

9. Mirsa gustine linabuh | dharakalan sami mulih | marang wisma Wanamarta | sigra dènnira lumaris | tan wikan ing marganira | duk (n)dhèrèk gustinirèki ||

--- 11 : 2 ---

10. Dadya santrine kalaut | tan wikan margane nguni | Ki Jamal Jamil kasasar | praptèng dhukuh ing paminggir | majêmuking Wanamarta | sira santri Jamal Jamil ||

639. Sinom

1. Warnanên Ni Tambangraras | ingkang tinilar ing laki | datan pêgat apuwasa | tanpa dhahar tanpa guling | siyang kalawan ratri | ananêdha ing Hyang Agung | miwah Kyai Panurta | ananêdha ing Hyang Widhi | putraningsun dinulurana sakarsa ||

2. Mangkana Ni Tambangraras | lan ibu Nyai Malarsih | umarêk mring Ki Panurta | ngaturkên supênanèki | nanging dèrèng kawarti | kalawan Ni Malarsih ku | kasaru dhatêngira | kang wasta Ki Jamal Jamil | ingkang mulat kagyat sami asung salam ||

3. Marêk ing Bayi Panurta | santri kakalih tur bêkti | nangis anungkêmi pada | wus katur sasolahnèki | kala Amongragèki | (ng)gêbyur nèng sagara Kidul | (n)jêngêr Bayi Panurta | tinutur solahing nguni | Tambangraras kumêpyur tyase garowah ||

4. Kadya matiya alênggah | Tambangraras (n)jrit anangis | sarya têbah-têbah jaja | nora kaya awak-mami | Ki Bayi Panurta ngling | Panukma Kulawiryèku | sambutên anakira | Ni Tambangraras kang nangis | kabèh padha ulihna wismane kana ||

5. Tambangraras gya binêkta | mring wismanira ing nguni | sampunira praptèng wisma | Tambangraras (n)jrit anangis | niba ing kasur sari | nungkêmi gugulingipun | yata Bayi Panurta | nusul mring wismane siwi | ingkang paman miwah kang bibi tut-wuntat ||

6. Wus prapta tilaming putra | atata sami alinggih | angadhêp sang lir kusuma | para bibi munggèng kèring | ing kanan pamanèki | Ki Panurta ngulonipun | rayi kalih ing dagan | Jayèngraga Jayèngrêsmi | Panurta ris ngandika lipurên padha ||

7. Ngadhêpi apa gaweya | têka pijêr padha nangis | kang jamak padha nglipura | mring nakingsun kang prihatin | ngandika mring Malarsih | lah gugahên putraningsun | sigra dènnira

--- 11 : 3 ---

(ng)gugah | ing putra kang anggung kingkin | lah mênênga wong ayu wus bêgjanira ||

8. Ramanira iku prapta | miwah kadangira nini | ingkang ngadhêp marang sira | wiwit enjing kongsi lingsir | nora sira panggihi | iku durakèng Hyang Agung | Tambangraras wungua | sakêdhap anuli nglilir | sarêng mulat yèn ramanira kang prapta ||

9. Kêbat dènnira alênggah | nèng ngarsane sudarmèki | ingarih-arih kang rama | para paman para bibi | utawa ingkang rayi | kabèh padha anglilipur | maring sang lir kusuma | kang para kadang (n)jagani | Ni Malarsih nyêpêngi astane kiwa ||

10. Kang ibu tansah karuna | tan kandhêg amituturi | tilas kagarwa ngulama | apan sira wong abêcik | iya putrane èstri | mung sira dhasar pambayun | ngandika Ki Panurta | lah uwis elinga nini | wus pasthine dadiya randha nonoman ||

11. Utamane wong ngagêsang | yèn tinilar marang laki | mumuleya kang wus lena | aja sira gung prihatin | Tambangraras turnya ris | inggih ta lêrês puniku | sawarnine kang brana | kang tinilarkên mring mami | kula damêl mumule lawan tilawat ||

12. Warnanên sampun alama | dènnira tinilar laki | sira Nikèn Tambangraras | tan owah maksih rêspati | cacade mung sawiji | têka maksih gandrung-gandrung | dadya wulanjar sêkar | ayune tanna tumandhing | amung sira sang dyah ayu Tambangraras ||

13. Akathah tamu kang prapta | kang samya anênontoni | marang Nikèn Tambangraras | akathah lamaran bali | êjor-êjoran sami | kang samya bandha barèwu | tani miwah sudagar | priyayi manca nagari | wangsul-wangsul samya dhatêng Wanamarta ||

14. Sadaya pan tinampikan | ingkang sami nênontoni | maring Ki Bayi Panurta | marmane samya tinampik | dene tan apti krami | Ni Tambangraras puniku | langkung akipa-kipa | tinantun krami tan apti | wus pasthine wak-ingsun dadi wulanjar ||

15. Mangkana Bayi Panurta | garwanira Ni Malarsih | kinèn maripih ing putra | siyang dalu mituturi | nanging mêksa tan apti | Kèn Tambangraras tyasipun | datan kêna mêmbata | Malarsih lingira aris | dhuh nakingsun babo sira akrama-a ||

--- 11 : 4 ---

16. Ni Tambangraras aturnya | botên kudu kula krami | maksih katon Amongraga | trisnane marang ing mami | guru angiras krami | kang madhangkên tingalipun | pintên banggi ing benjang | yèn wontên ingkang ngudi |Kurang satu suku kata: yèn wontên ingkang angudi. yèn ing mangke tyasipun tan apti krama ||

17. Milane tan purun krama | kawula miyarsa warti | misuwur sampun pralaya | nanging tyas-ulun pribadi | taksih dèrèng ngêmasi | putra-ndika kang anglangut | wus bêgjane wakingwang | yèn wus karsaning Hyang Widdhi | pintên banggi ing benjang sintên wikanna ||

18. Nahên ta gênti winarna | kang anèng Wanamartèki | kocap praja Panataran | putrane Menak Pasagi | bagus diwasa nênggih | wastane ingkang asêpuh | Menak Kudasrênggara | wontên dene ingkang rayi | kang awasta Ki Sawojajar punika ||

19. Kang rama sampun aseda | pêjah kalane ajurit | duk ambêdhah Sokaraja | dadya cucuking ngajurit | ing mangke putranèki | anggêntosi lungguhipun | wasta Kudasrênggara | kang (ng)gêntosi ramanèki | asih suyut têtiyang ing Panataran ||

20. Maring Ki Kudasrênggara | kadang pawong sanaknèki | asuyut asih sadaya | marang Kudasrênggarèki | anglampahi agami | datan tilar waktunipun | kulawangsane samya | tinêtêpkên gamanèki | yèn Jumuwah rame samya raratiban ||

21. Garwane Kudasrênggara | ayu-ayu mung kakalih | wastane ingkang atuwa | wadon Wilasa kakasih | Puspita kang taruni | samya tut dènnya mamaru | lir tunggal ibu rama | tan ana kang walangati | samya yune kalih bêkti kakungira ||

22. Nanging Ki Kudasrênggara | mangkya lagya sêdhih kingkin | de rayi Ki Sawojajar | punika dèrèng akrami | tansah tinari krami | nanging kang rayi tan ayun | sangêt dènnya lênggana | Kudasrênggara lingnya aris |Lebih satu suku kata: Kudasrênggara lingnya ris. nganti apa lah sira nuli krama-a ||

23. Suka wadènên pun kakang | apa karsanira yayi | payo sira nontonana | sapa kang sira karsani | ingsun turut sirèki | yèn krama sasamènipun | matur Ki Sawojajar | kawula tan arsa krami | benjang-benjang kawula yèn arsa krama ||

--- 11 : 5 ---

24. Ngandika Kudasrênggara | agawe wirang sirèki | iya marang awak-ingsun | katon yèn nistha wak-mami | sira wus gêdhe yayi | katon yèn ora na ayun | ingsun sinêbut nistha | marang angganira yayi | trêsnaningsun mring sira kaliwat-liwat ||

25. Ki Sawojajar karuna | pinêksa dènnira krami | marang Ki Kudasrênggara | dahat tan arsa akrami | milane kinèn krami | ming sira sadulur-ingsun | yata Ki Sawojajar | tumungkul asêmu isin | Sawojajar sakêdhap pan ora ngucap ||

26. Mênêng wêkasan ngandika | Ki Sawojajar aririh | inggih ing atur-kawula | yèn sampeyan paksa krami | kawula nyuwun pamit | arsa andon angêlangut | kumêmbêng ingkang raka | waspanira adrês mijil | ipe kalih asru dènnira karuna ||

27. Ni Puspita (n)jrit kalara | angrangkul marang kang rayi | tolèhên ta kadangira | aja lunga sira yayi | tan wande kari brangti | kabèh sanakira iku | magêrsarine myarsa | samya rawuh jalu èstri | jêjêl anèng pandhapa samya ngrêrêpa ||

28. Kaumira sami prapta | Ki Nuriman Basarodin | Ki Salèh lawan Ki Jamal | Ki Mukim lan Talabodin | Pangulu para kêtib | modin marbot samya ngêjum | mantri andhar ing latar | santri pangumbaran prapti | jêjêl ingkang atinjo Ki Sawojajar ||

29. Panyanane kang tan myarsa | anangisi wong ngêmasi | mila ya tinjo sadaya | arsa nyalatakên sami | Ki Budiman Sêmbagi | pra samya prapta sadarum | Ki Budiman kang tuwa | Ki Sêmbagi ingkang rayi | kang puputra awasta Menak Pradêksa ||

30. Ing mangke sampun pralena | iku kakang kang sayêkti | Pasagi lan Ki Budiman | titilare Ki Pasagi | putra jalu kakalih | Kudasrênggara kang sêpuh | ari Ki Sawojajar | Ki Pradêksa asisiwi | jalu karo samya brangti ing Pangeran ||

31. Ki Budiman kang atuwa | kang anom Kyai Sêmbagi | kaprênah sanaking sanak | lan Kudasrênggara nênggih | tata sami alinggih | Ki Budiman aris muwus | inggih wontên punapa | puniki sami anangis | lon ngandika Kiyai Kudasrênggara ||

--- 11 : 6 ---

32. Rayi-dika Sawojajar | kêdah lunga andon wngit |Kurang satu suku kata: kêdah lunga andon wingit. milane ta jinaganan | marang kadangira sami | ana ingkang anangis | ana kang lagya angungrum | punika arsa kesah | kinèn krami datan apti | datan kêna ginawe rahayu uga ||

33. Ki Budiman aris ngucap | (m)bok sakoluripun ugi | mangsa kenginga pinêksa | yèn dèrèng pasthi asulit | pintên banggi ing benjing | yèn wontêna jodhonipun | inggih ing benjang-benjang | lamun wontên ingkang sudi | mangsa inggih botên lalawan-lawunna ||

34. Inggih lêrês sabdanira | Ki Sêmbagi anambungi | kawula wingi tamuwan | sanak santri mung kakalih | saking Wanamartèki | awèh warta marang ingsun | yèn Ki Sèh Amongraga | rabine dadi randha di | kang puputra Kiyai Bayi Panurta ||

35. Awasta Ni Tambangraras | ayune tan na tumandhing | pan dadi wulanjar sêkar | Ki Sèh Amongraga mangkin | ing warta wus ngêmasi | linabuh ing samodra gung | dosanipun amiyak | tatèdhèngira sang aji | Tambangraras tinilar angguladrawa ||

640. Dhandhanggula

1. Apan kawula sampun udani | langkung prayoga warna sêmbada | tuhu pinunjul warnane | Ki Budiman amuwus | apan inggih ingsun-udani | duk timure kang warna | tuhu yèn pinunjul | kang anama Tambangraras | Wanamarta Panurta ingkang sisiwi | atmajèstri pangarsa ||

2. Inggih langkung panuju wak-mami | yèn nyata lêgan Nyi Tambangraras | santri kakalih wartine | kala panglamaripun | pan ki santri ingkang udani | nging tan ana katampan | Ki Budiman nêmbung | kapangku lan ariningwang | Sawojajar sêmbada anèm apêkik | Ni Tambangraras endah ||

--- 11 : 7 ---

3. Ki Mesangrênggara§ Ugi asma: Kudasrênggara. lingira ris | adhuh yayi kaya ngapa sira | yèn pêthuk sun dhatêngane | nuli sun lamar iku | anakipun Ki Panurtèki | Ki Sawojajar ngucap | manawa wak-ingsun | katampana anglalamar | sakalangkung inggih prayogi ing galih | yèn tinampik mêmirang ||

4. Mupung durung sampun têmah isin | kula lamun tinampik wanita | wirang ingsun satêmêne | luhung kawula lampus | Ki Srênggara wacana aris | wus jamake wong lanang | andhodhoga pintu | yèn marêngi dhaupira | Ki Budiman wacana sun durung myarsi | wanita nampik sira ||

5. Iya apa ingkang dadi ciri | sira iku tinampik wanita | wong pêkik tan na cacade | dhasar bagus sirèku | ibadahe datan asêpi | limpat liring kawignyan | sujana kawêngku | bandhu asugih santana | Sawojajar apa ta cacadirèki | babo nuli krama-a ||

6. Kudasrênggara ngandika malih | amung sira prayogane kakang | marêka dhatêng ramane | dhasar kadange sêpuh | mung andika langkung prayogi | (m)bokmênawa tinampan | aturira iku | atur pakathik punika | botên nêdya babesanan ingsun iki | mring Ki Bayi Panurta ||

7. Ingsun ngaturi uwos sakêdhik | mung sakoyan pratandha kewala | iya dadiya têngêre | lan kêbo sèkêt iku | kawandasa ingkang kêbiri | sapi salawe kakang | bèbèk ayam iku | tan kaetung kathahipun | kang awarni êmas amung kalih kati | kalawan sèwu reyal ||

8. Gya umangkat Budiman Sêmbagi | dhatêng wismane Kyai Panurta | (m)bêkta sakawan santrine | tan kawarna ing ênu | sipêng marga mung kalih ratri | nèng marga gya kapapag | wong andhangir jagung | Budiman aris atanya | samya andhèr rewange samya alinggih | anèng têpining têgal ||

9. Pundi margane inggih kiyai | ingkang dhatêng dhukuh Wanamarta | sung salam ingkang tinakèn | pundi wismanirèku | inggih [ing...]

--- 11 : 8 ---

[...gih] jêngandika kiyai | Ki Budiman angucap | inggih wismaningsun | kang aran ing Panataran | arsa dhatêng ing Wanamarta sun iki | dinuta lampah-ingwang ||

10. Ki Budiman nulya takèn malih | pundi margane kang warata |Kurang satu suku kata: pundi margane ingkang warata. umatur ingkang tinakèn | sintên ingkang jinujug | inggih dhatêng Wanamartèki | Ki Sêmbagi angucap | ingkang kula jujug | Kiyai Bayi Panurta | nabda aris ingkang sami adhadhangir | mangsa dèn-panggihana ||

11. Ki Panurta ing mangke puniki | lagya katamuwan wong anglamar | nanging tinampikan kabèh | mila tinampik iku | Ki Panurta lagya prihatin | ingkang dadya sungkawa | nênggih mantunipun | kang aran Sèh Amongraga | (ng)gih punika samangke sampun ngêmasi | mila dadya sungkawa ||

12. Ki Budiman asru dènnira ngling | tinakonan (n)dadak ngandhar-andhar | kaya wong (n)dongèng basane | darma ingong ingutus | wirang isin ingsun-lampahi | sira tinakèn marga | (n)dadak anyalêbung | aglis dènnya tuduh marga | (ng)gih puniki mêdal dhukuh kidul mangkin | ngilèn (n)jog Wanamarta ||

13. Ki Budiman lan ari Sêmbagi | nulya mangkat santrine tut-wuntat | nèng marga alon lampahe | ing marga tan winuwus | lampahira Kyai Sêmbagi | prapta ing Wanamarta | kandhêg (n)jawi pintu | tamune alunga têka | Ki Panurta kêsêl anampik têtami | alunga tamu nglamar ||

14. Ki Budiman lawan Ki Sêmbagi | mangu-mangu nèng kori kewala | amikir jroning driyane | Ki Sêmbagi amuwus | inggih kakang ta kadipundi | lêrês tuturing tiyang | kang (n)dhadhangir jagung | têmên dènnya awawarta | nora sisip kalamun akèh têtami | lunga têka kang nglamar ||

15. Kakang suwawi lah dawêg mulih | mangsa iya sun karawatana | kaya mangkene pêthane | Ki Budiman amuwus | yèn mundura pasthi sun-isin | ingsun lagya dinuta | yèn muliha ingsun | kaya ngapa saur-ingwang | yèn tinakèn marang kang kongkon ing mami | kaya pa sauringwang ||

--- 11 : 9 ---

16. Tan adangu santri Luci prapti | andheprok nèng ing têpining lawang | kagèt dènnira atakèn | ing pundi wismanipun | Kiyai Bagus kang lagi prapti |Lebih satu suku kata: Kyai Bagus kang lagi prapti. Ki Budiman ris mojar | têbih wismaningsun | kang wasta ing Panataran | santri Luci angling sintên kang wawangi | manira Ki Budiman ||

17. Mila kula umarêk mariki | maring Kiyai Bayi Panurta | kula ingutus wiyose | lah jêngandika matur | glis lumampah Ki santri Luci | angaturi uninga | yèn wontên tatamu | sapraptanira ing ngarsa | matur alon punika wontên têtami | saking ing Panataran ||

18. Arsa marêk sampeyan Kiyai | kathahipun amung tiyang sapta | Bayi Panurta sru kagèt | kumênyut driyanipun | Ki Panurta lingira aris | lah padha undangana | dèn aglis lumêbu | Ki santri Luci gya mêdal | praptèng jawi Ki Luci ngaturi aris | dawêg bagus katuran ||

19. Ki Budiman lumampah agipih | praptèng ngarsa nulya uluk salam | Ki Bayi Panurta age | nauri salamipun | nulya tata sami alinggih | Ki Panurta tatanya | pundi wismanipun | lan sintên wasta andika | Ki Budiman alon ature aririh | kawula Panataran ||

20. Inggih lampah kawula puniki | ingutus marang adhi Srênggara | inggih yèn parêng rêmbage | ngaturkên arinipun | ing sampeyan arsa makathik | kang aran Sawojajar | ingkang asusunu | Ki Pasagi arannira | ing mangke Ki Pasagi sampun alalis | puputra Sawojajar ||

21. Yèn marêngi ing galih |Kurang tiga suku kata: Yèn marêngi saruju ing galih. putra sampeyan Ni Tambangraras | suwawi pinanggihake | Ki Panurta amuwus | iya liwat panrima mami | nanging Ni Tambangraras | akrama tan ayun | witing ingsun iki uga | liwat têmên (ng)gon-ingsun amituturi | sun kèn krama tan arsa ||

22. IayaBaya. lêga-atiningsun iki | nanging poyanna ring arinira | mring ki Bayi Srênggarane | yèn Tambangraras iku | datan arsa krama tumuli | nanging dèn-antèkêna | sabarna ing kayun | ing

--- 11 : 10 ---

mangke tan arsa krama | Ki Budiman sasampunira winêling | undure palasaran ||

23. Lampahira wus prapta ing (n)jawi | tan winarna lampahnya ing marga | wong pipitu rèntèng-rèntèng | lampahira sinêru | aglis prapta wismanirèki | inggih ing Panataran | gantya kang winuwus | wau Ki Kudasrênggara | lagya lênggah lawan garwane kakalih | katiga Sawojajar ||

24. Kasaru ingkang dinuta prapti | Ki Sêmbagi lawan Ki Budiman | Ki Mesasrênggara§ Ugi asma: Kudasrênggara. kagèt | yèn kakangira rawuh | gupuh-gupuh Srênggara angling | lênggah ing ngriki kakang | lèrènna rawuhmu | ing mangke (n)dika wawarta | yèn wus aso sami dhadharan rumiyin | lan sanak-sanakira ||

25. Sawusira dhadharan pra sami | Kudasrênggara aris tatanya | kadospundi ing lampahe | angsal lan botênipun | (n)dika pajar ingkang sayêkti | Ki Budiman apajar | yayi sampun tutuk§ Prayoginipun / tutug /. | padhusunan Wanamarta | kang kekasih Ki Bayi Panurta yayi | nuntên kula tinakyan ||

26. Apa karsanira ingkang gati | Ki Budiman marang wismaningwang | apa ta ana karyane | Ki Budiman amuwus | lampah kula ingutus nênggih | dhatêng Kudasrênggara | ngêsrahkên rinipun | makathik dhatêng sampeyan | manakawan inggih kalamun prayogi | kang wasta Sawojajar ||

27. Andikane Ki Panurta Bayi | iya bênêr iku karsanira | ingsun iki (n)jurungake | yèn jodhowa puniku | nanging mangke Ni Tambangrêsmi | datan arsa akrama | sun-tari tan ayun | Ki Budiman wus muliha | aja sira suwe-suwe anèng ngriki | apa ta gawenira ||

28. Mung punika atur-kula yayi | atur-kula mring Bayi Panurta | Kudasrênggara sru kagèt | kakang amung puniku | andikane Ki Panurtèki | iya ta bêcik mana | wuwuse puniku | iya ta padu punapa | Ki Panurta ala ragane anampik | sayêkti wani ingwang ||

--- 11 : 11 ---

29. Ki Sawojajar sumambung aris | ujar punapa puniku kakang | mangsa adoha sebate | kula rumiyin matur | ing sampeyan yèn dipun-tampik | wêkasan kawirangan | luhung ingsun lampus | Ki Mesasrênggara§ Ugi asma: Kudasrênggara. wêlas | waspa mijil lan ningali ingkang rayirayi-. | ne anggung mimirang ||Kurang satu suku kata: nipun anggung mimirang.

30. Kudasrênggara anglir sinêbit | talingane sakêdhap bramantya | eling têdhak prajurite | ngadêg suraning napsu | wacanane asêmu runtik | sêdhêng dèn-èmêngêna | kang kaya wakingsun | Cili kêbat kongkonana | si Gunarsa Cili iya dèn-agêlis | Puspita gya lumampah ||

31. Lampahira sapraptaning (n)jawi | Ki Gunarsa andika ngandikan | Gunarsa kêbat tandange | anyandhak wastra gupuh | nyamping cangkring pinarada sri | lus rêmbuti sabuknya | dinulu apatut | Ki Gunarsa awiraga | nyothi dhuwung tinatah tinaturanggi | rasukan cawên-indah ||

32. Tasbèhira sinampirkên kêris | dhêstar cawêni wungu gya mangkat | sarwi anginang lampahe | sapraptaning ing ngriku | Ki Srênggara ngandika aris | ing kene alinggiha | dèn-parêk ing ngriku | Gunarsa mila sun-undang | ingsun duta maranga ing Wanagiri | dèn kêbat lampahira ||

33. Lah undangên Ranggajanur aglis | lawan arine si Gagakrimang | mangkata nuli dèn age | kagawa-a lakumu | nuli lèngsèr Gunarsa mijil | enggaling lampahira | Gunarsa wus rawuh | ing wismane Gagakrimang | Ranggajanur nulya angaturi linggih | mring duta Ki Gunarsa ||

34. Ranggajanur kang dipun-wismani | salêbête ing wana kewala | dhudhukuh asri wismane | duta Gunarsa matur | milanipun kawula prapti | dhumatêng ing sampeyan | kawula ingutus | dhatêng Ki Kudasrênggara | kula kinèn ngaturi dhatêng Kiyai | marang ing Panataran ||

--- 11 : 12 ---

35. Ranggajajar angandika aris | apa gawene sun tinimbalan | Gunarsa alon sabdane | wontên karyane agung | milanipun dipun-aturi | Gagakrimang gya mangkat | lan Ki Ranggajanur | ing ênu datan winarna | lampahira tan adangu nulya prapti | nênggih ing Panataran ||

36. Ranggajanur sapraptanirèki | Kudasrênggara kapanggih lênggah | anèng wisma sakarongron | praptane Ranggajanur | lawan Gagakrimang kang prapti | nulya ngaturan lênggah | Kyai Ranggajanur | sawusira tata lênggah | nulya mundhut dhadharan marang kang rayi | nulya sami dhadharan ||

37. Sawusira dhadharan pra sami | Ki Kudasrênggara nulya mojar | marang kang rayi kalihe | milane ya sirèku | sun-kongkoni padha mariki | sun-jaluk karyanira | yayi aja masgul | maringa ing Wanamarta | cidranana kang aran Ki Panurtèki | poma dèn kongsi pêjah ||

38. Yèn wus pêjah Bayi Panurtèki | nuli anake sira gawa-a | Ni Tambangraras aranne | Gagakrimang sru muwus | (ng)gih sandika kula nglampahi | sampun walangdriya |Kurang satu suku kata: sampun awalangdriya. kula kang angamuk | santana ing Wanamarta | yèn wus pêjah kang aran Ki Panurtèki | Tambangraras sun-gawa ||

39. Ranggajanur sru dènnya nabda ris | Gagakrimang sirèku wong lancang | durung wruh mula bikane | gampang wong goprak-gapruk | mêngko takon warta rumiyin | Ranggajanur tatanya | ing prakawisipun | punapa ta dosa pêjah | Ki Panurta yèn wus pasthi dosa pati | kantênane ing lampah ||

40. Kudasrênggara wêkasan angling | iya apa ora gêlêm sira | dene akèh babasane | yèn mêngkono sirèku | ingsun dhewe lumaku yayi | ora idhêp sun pêjah | sun dhewe lumaku | nora kudu anyênyambat | lara wirang ingsun dhewe kang nglakoni | yèn sira tan lumampah ||

41. Ranggajanur sumaur aririh | inggih kakang kawula lumampah | wadon Puspita nulya ge | (dènnya) lungguh tumurun | ingkang sêdya dipun-paranni | sanake kadang tuwa | lan Srênggara iku | wastanira Ki Dewangga | inggih tiyang pinangkane Maospait |

--- 11 : 13 ---

maksih nom Ki Dewangga ||

641. Sinom

1. Mangkana Kyai Dewangga | awit sungging adi luwih | kala alam Brawijaya | punika dadya pênnyungging | Puspita angling aris | (n)dika ingaturan gupuh | dhatêng ing Panataran | wontên karyane kang yêkti | angrèhêna warêngkênging pun Srênggara ||

2. Warêngkênging putra (n)dika | tan wontên yogyane malih | ingkang amituturana | Ki Dewangga angling aris | tan kêna tinuturi | lakimu tan kêna mundur | karsanipun amêksa | mêjahi Ki Panurtèki | ingsun tutur wanti-wanti tan ginêga ||

3. Sinèlèhakên samana | wau dènnira nunungging | nulya dandan Ki Dewangga | rampung anulya lumaris | wus lumêbêt ing kori | kang linggih padha tumurun | praptane Ki Dewangga | piyak sami asung margi | Ki Srênggara nuruti samya alênggah ||

4. Pêpêk sanak pra sêntana | Ki Dewangga aningali | Ranggajanur Gagakrimang | sêmune sampun andugi | Ki Dewangga lingnya ris | ingkang sinungan sabda rum | Cili Kudasrênggara | dene arinira kalih | enjang parannya padha sira ingundang ||

5. Ingsun batang karsanira | baya ta arsa mêjahi | marang Ki Bayi Panurta | ingsun wong tuwanirèki | yoga amituturi | tuwa duwèke pitutur | bapa Cili Srênggara | bèbètira wong abêcik | têka arsa nuruti ati gêmbira ||

6. Sira lintang paripêksa | dènnira arsa mêjahi | marang Ki Bayi Panurta | apa iku dosa pati | pan ora dosa pati | dosa wirang iku dudu | sanadyan babo sira | aduweya putra putri | wus diwasa paran dènnya pari pêksa ||

7. Lawan ingsun amiyarsa | ramanira Ki Pêsagi | tunggal guru lan Panurta | ing mangke sêdyanirèki | sêdyanira nyidrani | apa ta kang sira têmu | tumuli Ki Srênggara | mênêng awêkasan angling | kadya paran bapa karsa pakênira ||

--- 11 : 14 ---

8. Ki Dewangga aris mojar | yèn anrima marang mami | ywa kandhêg sawang-sawangan | Ni Tambangraras puniki | apan durung udani | ing warnane anakingsun | Ki Jaka Sawojajar | maksih ujaring pawarti | karsaningsun ing mangke akarya gambar ||

9. Dene ingkang ngatêrêna | iya arinira kalih | Ranggajanur Gagakrimang | alampah andhustha sandi | anukma-a ing ratri | gambar iki dipun-katur | marang Ni Tambangraras | iya karuhane benjing | Tambangraras yèn wus uninga ing gambar ||

10. Toggên karsanira pisan | yèn arsa tawa anampik | jatmikane Tambangraras | lah priksanên dipun aglis | lakuwa maling sakti | anakingsun Ranggajanur | lamun si Gagakrimang | Ki Srênggara amanthuki§ Prayoginipun / anganthuki /. | pawong sanak sadaya (n)jurungi karsa ||

11. Anulya mundhut dalancang | Ki Dewangga angling aris | lah ta sira parannana | dandananingsun anyungging | aglis dènnya maranni | tan adangu nulya rawuh | saksana linêkasan | akarya gambar apêkik | nora loro kalawan Ki Sawojajar ||

12. Kadi bisa-a angucap | saking prawignyaning sungging | gambare Ki Sawojajar | sênênnira anêlahi | gawoke kang ningali | dene tunggil warninipun | lawan Ki Sawojajar | pasêmonne angêntèni | bagusipun tan ana kang tumandhinga ||

13. Liringe gambar rinêngga | kasmaran ingkang ningali | anulya sungging Dewangga | amundhut kalam lan mangsi | saksana dipun-tulis | wontên dene ungêlipun | atur ujaring gambar | kawula sêdya angabdi | Sawojajar jajaka ing Panataran ||

14. Wiyose amanakawan | lamun kanggo andadasih | mring sang ayu Tambangraras | ngaturakên pati urip | dhumatêng sang lir Ratih | anjalma-a kaping sèwu | ingsun kawulakêna | tan adarbe tingal kalih | (ng)gèn angabdi amung nini Tambangraras ||

15. Kae Dewangga lingira | lah nyawa gambar wus dadi | Ranggajanur tampannana | gambar gawanên di-bêcik | anulya dèn-tampani | mring Kiyai Ranggajanur | Ki Dewangga lingira | poma dèn-angati-ati | kawruhana wantune wong Wanamarta ||

--- 11 : 15 ---

16. Antigan sapatarangan | sarêng rêmuk wus prajanji | akanthi bau sêntana | Ranggajanur saurnya ris | inggih ta pintên banggi | siyang dalune kasuwun | sawab barkat wong tuwa | yèn taksih rinêksèng Widdhi | sapa sintên papan ingkang angrusaka ||

17. Ranggajanur Gagakrimang | wuwuse anuwun pamit | marang Ki Kudasrênggara | kula sampeyan lilani | Ki Srênggara lingnya ris | iya karo riningsun |Kurang satu suku kata: iya karo ariningsun. panggiha kang sinêdya | dinulurana karsèki | Ranggajanur nuwun lèngsèr sing ngajêngan ||

18. Wus mêdal jawining lawang | lêstari lampahira ris | arine tansah tut-wuntat | lampahe datan anolih | datan lèrèn ing margi | tumurun jurang atêrjung | narajang wana pringga | Panataran wus kawingking | Ranggajanur angucap ring arinira ||

19. Lah ta paran karsanira | hèh iya manira ari | apa nuli ambanjura | marang Wanamarta nuli | ewuh manahirèki | Gagakrimang lon amuwus | kakang awak-kawula | dhumatênga lara pati | inggih anut karsa andika kewala ||

20. Ki Ranggajanur angucap | sun angrungu ngarga Wilis | yayi ana wong atapa | misuwur wus dibya luwih | iku sun sêdya dhingin | sun aminta aminipun | sanajan nrang babaya | antuka idining tapi | amrih sawab barkate wong mara-tapa ||

21. Angucap Ki Gagakrimang | inggih alêrês suwawi | saksana minggah ing arga | lampahira nut iringing | jurang parang atrêbis | ayom kaoban kukuwut | sumêngka lampahira | angambah parang arumpil | dyan kawarna sira sang amangun tapa ||

22. Pan tilasing wong awirya | kang palênggah ardi Wilis | sawêg angsal tigang warsa | lamine dènnya palinggih | têtêpe pangabêkti | [...] |Kurang satu baris: 8u. atilar kawibawan | anambang dhahar lan guling | sakalang dènnira manting§ Prayoginipun / mbanting /. sarira ||Kurang satu suku kata: sakalangkung dènnira manting sarira.

--- 11 : 16 ---

23. Kakasih Gêdhongwacana | sabate rare kakalih | Ki Sabar lan Ki Darana | punika kang angladèni | Gêdhongwacana nênggih | wus lali ing mangan turu | karêm ing sipatolah | ngèlmu rumêsêping batin | siyang dalu sumarah sapakèning Hyang ||

24. Mangkana sang apratapa | dènnira ngandika aris | Kae Sabar Ki Darana | sira tatêbaha panti | lan gêlarana lampit | iki mêngko ana tamu | rare ing Panataran | roro sanak kakang adhi | sabatira akêbat lir paksi nila ||

642. Dhandhanggula

1. Tan adangu Ranggajanur prapti | ingacaran dening sang atapa | payo linggiha ing kene | Ranggajanur tumanduk | Gagakrimang samya tur bêkti | sang atapa ngandika | babo anakingsun | lah padha sira linggiha | awotsari saksana sami alinggih | ngarsane sang atapa ||

2. Sang awiku mangkya ngandika ris | lah ing ngêndi kaki wismanira | myang ngarsa paran sêdyane | Ki Ranggajanur matur | mangsa borong sang apalinggih | angling Gêdhongwacana | iya ingsun wêruh | sira rare Panataran | ingkang aran iya dhukuh Wanagiri | iku pa wismanira ||

3. Yata kadya konjêma ing siti | Ranggajanur lawan Gagakrimang | anulya nuhun ature | kalangkung ajrihipun | duk samana micarèng ati | dene luwih waspada | tingale sang wiku | saosiking parimana | kinawruhan tuhu pandhita linuwih | mupakat karsaning Hyang ||

4. Gêdhongwacana angandika aris ||Lebih satu suku kata: Gêdhongwacana ngandika aris. sira kaki munggah ing aldaka | kinongkon dening kadange | anêdha amin mring sun | Ranggajanur matur wotsari | inggih pan kalêrêsan | panyêtha sang wiku | Gêdhongwacana lingira | angamini marang sira ingsun iki | sêdyanira kang harja ||

--- 11 : 17 ---

5. Sêdyanira ingkang nora bêcik | ingsun ora ngamini mring sira | atobata sadurunge | kaya sira ingutus | Ki Srênggara kinèn matèni | marang Bayi Panurta | iku dudu laku | ana-dene Ki Dewangga | anggawani gambar Sawojajar pêkik | kinèn angaturêna ||

6. Marang Nikèn Tambangraras nênggih | iya sira têka aturêna | sawab§ Prayoginipun / sabab /. sira wong kinongkon | nanging ta wêkasingsun | marang sira dèn-ngati-ati | coba rêncananing Hyang | èstri ingkang ayu | polahira kawruhana | yèn sisipa dadalaning lara pati | iku dèn-aprayitna ||

7. Pan sadalu dènnya mituturi | sang atapa marang Gagakrimang | atanapi mring kadange | kang aran Ranggajanur | kawarna-a nalika enjing | sang wiku nulya ngatag | mangkat mupung esuk | Ranggajanur Gagakrimang | atur sêmbah kawula anuwun pamit | lèngsèr saking ngajêngan ||

8. Aris tumurun saking arga writ | sampun anjog saking wana sraya | tumurun ing jurang rèjèng | ingkang saya anglangut | anut iring-iringing wukir | wayahira wus Ngasar | mêndhungnya tumiyung | guruh ing cala kumêlap | aliwêran ing tawang kang lidhah thathit | maring kang wau mara ||

9. Sang Hyang Arka nitih anèng ardi | umung swaraning pêksi wurahan | cugarèrètnong arame | walangkrèk munya umung | pêksi jabêl akèh kang muni | kèkèt jalak wurahan | rêbutan (ng)gyan turu | ethe-ethene barungan | Ranggajanur Gagakrimang amiranti | nirmalanning drigama ||

10. Wus sumurup Hyang Pradanggapati | surêm tejaning kang wawayangan | angkup-angkupan arame | guruhing cala asru | kilat thathit mêndhung nungkêbi | riris alit tumiba | surêming sitangsu | tatêngis têkak sauran | titikusan kang tuwu bance kokolik | ing tawang sasauran ||

--- 11 : 18 ---

11. Jayèngraga anggraitèng ati | kadingarèn pêksi awurahan | baya ana apa kiye | Ki Luwaran ingutus | Ki Suwarja warahên aglis | lan paman Kulawirya | warahana gupuh | lan si paman Wiradhustha | man Panukma padha wangsitana mangkin | bêngi konên asambang ||

12. Ing sawêngi mêngko ana maling | tur aguna kang alampah dhustha | dèn-angati-ati kabèh | sakèhing anakingsun | wawarahana dipun-aririh |Lebih satu suku kata: wawaraha dipun-aririh. kang wong anom sadaya | dèn-padha anglumpuk | nganglanga (n)jabaning karang | Ki Luwaran mangkat gya ngondhang-ondhangi | sarupaning sêntana ||

13. Wus bakda Ngisa wayahing bêngi | Kulawirya lawan Wiradhustha | ingkang dados pangajênge | kang anom-anom kumpul | gagamane sampun rinakit | wontên wong tigangdasa | wau kathahipun | sami santana sadaya | wus arakit gagamane saba bêngi | anut alampah dhustha ||

14. Adhêsthar wulung samya pinuntir | anêngên dhuwung anyothe pêdhang | asta kiwa nyêpêng tamèng | lêmbing tinêngên sampun | wênèh waos wêrgu panjalin | anyangkêlang bêngkolang | sarta ngandhut watu | wênèh angagêm gêranggang | sampun mangkat midêr sajawining kawis | samya nèm kang ajaga ||

15. Kulawirya kang dadya titindhih | Wiradhustha lawan Ki Panamar | karo dadya pangiride | tate nalikung pandung | ijèn bae anyêkêl maling | milanipun kèringan | wong durjana takut | angambah ing Wanamarta | dene akathah ingkang anunggil kapti | mila sayut ing karya ||

16. Ki Mukit lawan Ki Talabbodin | Ki Sukilan Kaki Pranaita | wong papat padha rêmbuge | padha gunêm amuwus | padha konên olang pisahit(?) | maling iki (ng)ko kêna | Ki Mukit sumaur | padha adhangana wetan | adhi Talab Pranaita anauri | lah nêdha barêng mara ||

17. Wong papat aja pisah lumaris | tuntun-tinuntun mênèk kasasar | wong papat samya lamure | dadya pakaning lêmut | dadi gawe nora lèh maling | tuwas sikile babak | kêrêpe kasandhung |

--- 11 : 19 ---

wong papat ajajagongan | kawarna-a wau kang alampah maling | angrampit pakarangan ||

18. Ki Suwarja wus angati-ati | lawan Ki Panukma rewangira | nganglangi jro bubuhane | rewange wong sapuluh | padha rare andêling wèsthi | samya ngagêm talêmpak | anyuriga suduk | midêr angubêngi wisma | Ki Panurta kagyat mulat ing para ri | sadhiya sikêp watang ||

19. Ki Panurta nulya atanya ris | ana paran para ariningwang | padha sadhiya tandange | kaya wong jaga kewuh | bêngi-bêngi ngagèt-agèti | apa wartaning (n)jaba | Ki Suwarja matur | wontên pajaring kawula | mangke dalu wontên maling dibya sêkti | mila sami sadhiya ||

20. Sêdyaning maling angarah pati | jêngandika kalawan kawula | ingkang pinrih mung patine | Ki Panurta amuwus | kaya rare para puniki | kadar rèhing ngagêsang | yèn kang among tuwuh | maksih rumêksèng kawula | sapa ngrusak yèn wus karsaning Hyang Widdhi | mangsa sun-gumingsira ||

21. Wis padha muliha sira yayi | têka padha enak aturuwa | êmboh sira gatèkake | ana dene wong iku | sêdya aniaya ing mami | mangsa kêna cinêgah | yèn wus takdiringsun | patine kinaniaya | nora bakal ngulati pati punapi | sahid pêjah utama ||

22. Padha tinundhung kang para ari | sabubare mulih sowang-sowang | wus madya ratri wayahe | sirêp wong wayahipun | kênèng bawaning maling sêkti | sirêp wong Wanamarta | camera§ Prayoginipun / cambêra /, saking: cambra = sêgawon. tan (n)jujug | jalu èstri eca nendra | têkèng sato kewan turune lir mati | kêna donga wisaya ||

23. Ki Panukma ingkang sampun mulih | lan Suwarja eca samya nendra | kêpati lan sarowange | ing wanci lingsir dalu | têkak têngis akèn nambêri | bênce kolik liwêran | maling sêkti rawuh | angrampit kikising desa | Gagakrimang kakangira dèn-wangsiti | kakang aja kagètan ||

--- 11 : 20 ---

24. Wontên titiyang tiga ing (n)jawi | angidêri anut pakarangan | akathah dèrèng asare | sumaur Ranggajanur | mêngko ingsun papagne yayi | anulya pinaranan | nging dèrèng katêmu | warnanên Ki Wiradhustha | Kulawirya pan amor midêr ing (n)jawi | mor rare kawandasa ||

25. Kulawirya rare manthèlangi | wuragile Ki Bayi Panurta | rare awrat sasanggane | manthèlang para suduk | iya iku kang muragili | iya Kyai Panurta | kang pambajêngipun | panggulune Ki Suwarja | Ki Panukma punika ingkang sumêndhi | wuragil Kulawirya ||

26. Wiradhustha susumbar ngajrihi | maling iki yèn kapangguhana | sun-ujane padha ijèn | Ki Panamar sumaur | ingsun dhewe ingkang ngêmbari | angling Ki Kulawirya | aja guru-guru | maling iki tan katingal | pan wus matêng tapane si maling sêkti | aja para nanantang ||

27. Mêngko kêrismu dèn-dhèdhèli |Kurang satu suku kata: Mêngko kêrismu yèn dèn-dhèdhèli. Wiradhustha asru dènnya ngucap | têka dèn-cacaka bae | samya rèrèn alungguh | sabature nèng soring kawis | lajêng sirêp sadaya | prapta Ranggajanur | lan ari Gagakrimang |Kurang satu suku kata: lawan ari Gagakrimang. Wiradhustha kêrise pinèt rumiyin | lawan tumbake pisan ||

28. BabrèngoseBabrêngose. cinukur sapalih | alisira sapalih pinaras | jajènggot cinukur kabèh | titiyang tigang puluh | gêgamane wus dèn-ambili | binongkok tinalènan | binuwang ing lurung | sakathahe kang anganglang | têka eca aturu nèng ngisor kawis | pan kapati sadaya ||

29. Ranggajanur ngucap mring kang rayi | payo yayi aja kalayatan | sêlak raina wayahe | Gagakrimang amuwus | lah kawula kakang rumiyin | risaksana lumampah | sapraptaning pintu | kunci dinamon malêsat | sampun mênga mangkana tumanduk malih | rawuh wijil ping tiga ||

30. Ranggajanur nulya dèn-wangsuli | dawêg kakang malêbu dèn-enggal | anulya sarêng lêbune | ing palataran rawuh | samya munggèng ing sor kêmuning | sirêp wong kang sadesa | tan

--- 11 : 21 ---

ana kang sêgu | Gagakrimang ing lingira | lah ta kakang andika kari ing ngriki | kawula kang mariksa ||

31. Inggih panggènanipun aguling | Ni Tambangraras mangke rinarah | saksana aris lampahe | Gagakrimang gya rawuh | ing babatur mêngakkên kori | pandam pating palêncar | akathah wong turu | rare wadon pan agêlar | pasarayan dinulu pating parêlik | yayah-rena akathah ||

32. Kyai Panurta sare ing kanthil | akaliyan lawan ingkang garwa | sakeca dènnira sare | angling Ki Ranggajanur | payo yayi ngulati malih | mundur agya lumampah | lawan arinipun | ngalèr ngetan lampahira | Tambangraras sampun awisma pribadi | tinilar ingkang raka ||

33. Ki Ranggajanur kandhêg ya dening | amidhangêtakên wong mamaca | arum amanis swarane | lami tinilar kakung | sang kusuma atinggal guling | anglipur turida |Kurang satu suku kata: anglilipur turida. mamaca sang ayu | têmbangira kalalangan | kang winaca Suluk Adam rancang kawi | duk nyawa manjing jasat ||

34. Ranggajanur nulya marêpêki | minggah babatur èsmu kagiwang | andingkik alon lakune | angintip sang rêtna yu | pasareyanira alinggih | pan sarwi amacana | warnane kadulu | kang anèng sajroning gubah | dènnya maca sarwi leyangan guguling | kasênênnan ing pandam ||

35. Ranggajanur cêngêng dènniya ngintip |Lebih satu suku kata: Ranggajanur cêngêng dènnya ngintip. têka kepyan ing purwa duksina | sampun kagiwang manahe | lali lamun ingutus | sang juwita amung nèng ati | Ranggajanur angucap | dewa kang sinuwun | kawulanira aseba | anuwun sihing gusti kang pindha Ratih | anuwun pangaksama ||

36. Ni Tambangraras nggraitèng ati | iki ta maling ragane baya | anèng sajawining langse | garênêge§ Prayoginipun / garênênge /. angungumangungun. | baya wong aduwe kapti |Kurang satu suku kata: baya wong kang aduwe kapti. maring sariraningwang | cuwa manahipun | mulane alaku dhustha | yèn sisipa si maling iki matèni | angling ni Tambangraras ||

--- 11 : 22 ---

37. Lah ing ngêndi omahira maling | lawan sapa rannira ki dhustha | sumaur ingkang tinakèn | ya ingsun Ranggajanur | Panataran ingkang nagari | mênêng Ni Tambangraras | anggraitèng kalbu | nora ta lah cobaning Hyang | akèh têmên kang tumêka awak mami | muga ta rinêksa-a ||

38. Gagakrimang asru dènnya angling | kakang kadipundi karsa (n)dika | têka anyimpang dadine | purwa (n)dika ingutus | awêkasan asalah kapti | duwe karêp priyangga | kagiwang ing ayu | -nipun Nikèn Tambangraras | lah ta kakang dèn-emut ing rêncananing | eblis nukmèng wanita ||

39. Sang juwita amicarèng ati | maling iki pradondi ing karsa | Ki Ranggajanur wuwuse | lah (n)dawêg nimas ayu | ingsun êmban sang pindha Ratih | Gagakrimang angucap | sampun kakang sampun | asangêt pemut-kawula | Tambangraras tumungkul waspa drês mijil | karasa kang anilar ||

40. Wuwusira sang dyah sêmu tangis | maling sira yèn amriha dunya | sira usungana kabèh | yèn sira amrih lampus | aja suwe dipun-lêstari | sira dadiya marga | matèni maringsun | iya ki maling aguna | ingsun uga nora wangwang lara pati | Ranggajanur angucap ||

41. Sarwi sabuke dipun uculi | Tambangraras payo ingsun êmban | mirah (ng)gèningsun angèngèr | sampun nyatur kang lampus | ingsun mirah dadi gêgênti | ya ingsun Panataran | aran Ranggajanur | abagus dhasar prawira | arsa ngêmban angadêg tiba kabanting | kongsêp wadanasmara ||

643. AsmaradanaTeks asli: Asmanadana.

1. Ki Ranggajanur kabanting | tibane akulèsèdan | tanpa bayu sarirane | saputing tyas tan bisa bah | arinira sinambat | yayi tulungana ingsun | kagyat myarsa Gagakrimang ||

2. Aglis dènnya amalayoni |Lebih satu suku kata: Aglis dènnya malayoni. kapanggih akulèsèdan | aglis dènnya nangèkakên | Gagakrimang aris ngucap | tinutuh kakangira | kakang tan linyok wuwusku | wau mila sun-wawarah ||

--- 11 : 23 ---

3. Ranggajanur ngucap aris | adhi ingsun patènana | wus pasthine awakingong | aja andadawa wirang | mendah ucaping kathah | Gagakrimang lon amuwus | adhuh kakang kadangingwang ||

4. Paran polahingsun iki | apisah kalawan sira | mati wong loro janjine | lah kakang tuwan tur tobat | dhatêng Ni Tambangraras | minta apuranipun |Kurang satu suku kata: mintaa apuranipun. halat gangsul mring kusuma ||

5. Sang dyah alon miyak samir | samya alon atatanya | pa-gene ta sira kuwe | mulane ta kalèsèdan | Ranggajanur lon ngucap | Ni Tambangraras pukulun | kula ngaturakên tobat ||

6. Apura-(n)dika sang Ratih | dèn akathah dhatêng amba | adalat§ Prayoginipun / agalap /. lawan gangsule | nuwun apuntên kawula | dhumatêng paduka |Kurang satu suku kata: dhumatêng paduka dyah. atur atobat pakulunpukulun. | datan purun amindhowa ||

7. Tambangraras lingira ris | alah iya sun-tarima | tobatira marang ingong | mandiya ujarmu dhawak | tan dangu dènnya ngucap | sakala Ki Ranggajanur | wus waluya bisa lênggah ||

8. Sang dyah awacana aris | aja dadi manahira | ingsun arsa atatakon | sapa ingkang angutusa | marang ing lakunira | dene maring wismaningsun | tutura sayêkti sira ||

9. Ranggajanur turira ris | kinèngkèn lampah-kawula | Kudasrênggara wastane | kang arsa mikramèkêna | mring ari Sawojajar | Tambangraras mèsêm muwus | sapa kang aran Srênggara ||

10. Ranggajanur matur aris | wismanipun Panataran | Ki Sawojajar arine | kang arsa amanakawan | maring kusumaningdyah | kula (m)bêkta gambaripun | kang aran Ki Sawojajar ||

11. Winêdalkên kang palupi | ingaturkên Tambangraras | yata kang gambar tinampèn | sarta binabar kang gambar | wus karsaning Hyang Sukma | dumadi kang gambaripun | têka asalin warnanya ||

12. Sang ayu ngandika aris | awasêna gambarira | Ki Ranggajanur sru kagèt | ningali warnaning gambar | agêsêng tulisira | tiningalan têka bawur | Ni Tambangraras angucap ||

--- 11 : 24 ---

13. Gambar apa ya ki maling | tan karuwan tulisira | iya iku pratandhane | yèn kêna musibating Hyang | yèku adiling Allah | lah wis muliha dèn-gupuh | yèn konangan Jayèngraga ||

14. Sarya angungkapi pêthi | mêndhêt kampuh lan lancingan | rasukan lawan artane | pinaringan kalihdasa | sarta sabuke pisan | gya ginanjar ingkang pandung | kampuhe satunggal sewang ||

15. Paningsêt cawèni wilis | taluki rasukanira | sarya jênar calanane | lan reyale anyadasa | ri sampunnya mangkana | sarêng angrêrêpa matur | kapundhi sih sang kusuma ||

16. Sampun anggèr kawula mit | kantuna suka awirya | Tambangraras lon wuwuse | iya padha salamêta | ing lakunira paman | nulya lèngsèr awotsantun | Ranggajanur Gagakrimang ||

17. Sapraptanira ing (n)jawi | wayahira bêdhug tiga | agagancangan ulihe | dhatêng wismèng Panataran | ing ênu tan winarna | lampahe Ki Ranggajanur | lan ari Ki Gagakrimang ||

18. Dyan warnanên ingkang kari | sira Nikèn Tambangraras | sangsaya sangêt brangtane | amikir jroning wardaya | paran wêkasanira | awèt mangkene wakingsun | dadi pocapan kewala ||

19. Yèn sisipa (m)bilaèni | maring sanak wong atuwa | angrarèndèng§ Prayoginipun / angrarèntèng /. ing wong akèh | apa kang sun-têmu benjang | angrurusak wong tuwa | nora kaya awakingsun | durung tutug lakon-ingwang ||

20. Sang dyah alara prihatin | karaos kang atitilar | sangsaya putêk manahe | sira Nikèn Tambangraras | tansah anggung sungkawa | alon minggah tilam-santun | aniba ing pagulingan ||

21. Sakeca (ng)gènnira guling | sira Nikèn Tambangraras | dèn-kapithing gugulinge | amujung kampuh ajingga | pinanthêng lir pêdhota | tan adangu gya tumurun | sang dyah saking pagulingan ||

22. Anglir sata amèmèti | sira Nikèn Tambangraras | dèn-sawang patilêmane | lir swargan tiningalan |Kurang satu suku kata: lir kaswargan tiningalan. tansah dèn-wawas-wawas | papajangane kumêndhung | kanginan gandane ngambar ||

--- 11 : 25 ---

23. Tan adangu wangsul malih | sira sang dyah Tambangraras | amujung dènnira sare | ulêse jingga maruta | tan adangu supêna | katingal kang raka rawuh | têka sumandhing anendra ||

24. Lajêng angungrum sang Ratih | sarya ambantali asta | sang dyah sajroning pangimpèn | tyasnya lir karagan-ragan | tan mantra yèn supêna | kasaru supênanipun | kagèt dening wong anggêntang ||

25. Sang ayu aglis anglilir | alênggah sarya karuna | anyungkêmi gugulinge | anglir wulung kapipitan | sambate Tambangraras | adhuh kakang lumuh kantun | kawula andika gawa ||

26. Kagèt sira Ni Cênthini | myarsa gustine karuna | nulya marêk ing daganne | Cênthini matur wotsêkar | gusti dene karuna | punapa-a purwanipun | kawula ayun uninga ||

27. Cênthini mila sun-nangis | ingsun wau asupêna | gustimu têka marene | têka sumandhing anendra | sarya (m)bantali asta | suwe-suwe têka ngungrum | kaya mèh apulangraras ||

28. Ni Cênthini matur aris | sampun jamake wong nendra | supêna iku sêkare | sang rêtna sampun karuna | mokal ta gustiningwang | wong wus lena têka rawuh | sampun gusti amèndêla ||

29. Mênêng dènnira anangis | sira Nikèn Tambangraras | myarsa Cênthini ature | sangsaya sangêt brangtanya | aris wijiling sabda | yèn awèt mangkene ingsun | angur ingsun malono-a ||§ Prayoginipun / alena-a /.

30. Arsa anglampus sang Ratih | sêdya tilar kawibawan | tan atolèh ing donyane | yayah ibu wong sakadang | tan katolèh sadaya | kang kacipta mung Hyang Agung | abranti marang Pangeran ||

31. Wus angrasuk wastra wilis | punika tinambal-tambal | limar katangi tambale | sarta ngangge sêbe pita | sira Ni Tambangraras | saklangkung kawêlas-yun |Kurang satu suku kata: sakalangkung kawêlas-yun. dènnira arsa lêlana ||

32. Nulya akarya rêrêpi | sêrat pamit ibu rama | lininting sinèlèhake | munggèng karang ulunira | sinandhingkên ing sinjang | tinumpangkên gulingipun | Tambangraras sigra dandan ||

--- 11 : 26 ---

33. Kalawan Ni-mbok Cênthini | tinantun ing antêpira | pêjah gêsanga ature | matiya têngahing wana | datan anêdya pisah | Ni Tambangraras amuwus | sokur yèn mêngkono sira ||

34. Kudu mèlu lara pati | ya payo nuli dandana | mêngko bêngi lunganingong | tan matur ing yayah-rena | sêdhêng sirêp wong kathah | a lah mara dèn-agupuh | babo Cênthini dandana ||

35. Dene karsongong§ Prayoginipun / karsèng-ngong /. Cênthini | milanipun tilar wisma | taki-taki lampahingong | supayane katabêtan | wuwulange kang swarga | niskara rasaning ngèlmu | lan ingsun salin paparab ||

36. Ni rubiyah Selabranti | payo pangkat anglalana | adan mangkat sirêp ing wong | dènnya mingkis majar wulan | tanggal ping kawanwêlas | dina Sênèn kesahipun | kalawan palunganira ||

37. Kang nama wadon Cênthini | lampahe awirandhungan | datan wistara lampahe | anyangking kaskul lan jungkat | Cênthini anèng wuntat | samarga-marga pitutur | lêpas wau lampahira ||

38. Karagan-ragan ing margi | (dènnira) among turida | liyêp matrênyuh driyane | kapungkur ing Wanamarta | angambah pasabinan | pagagan sampun kapungkur | mawantah wana sarkara ||

644. Dhandhanggula

1. Ngambah tarataban iring-iring | jurang pèrèng paparung aparang | tumawing kang têpining we | tumêkèng suku-suku | sikarane kang wukir alit | cumênung mêndêng datan | anuting paran gung | anêrang amurang-murang | sinjang ajur pipinggir dening ri bandhil | kasrimpêt ing ri tanjang ||

2. Ngilèn bênêr anênggêl wanadri | durgama kèsthi tan kinabayan | niring tyas mawor wirage | tan mèngêt ing panglangut | mêrak muni lir asung margi | dul kulon lamat-lamat | kadya nguwuh-uwuh | anulak akèn wangsula | kêpyur-kêpyur tyasira Ni Selabranti | datan arsa wangsula ||

--- 11 : 27 ---

3. Lampahira dadya murang margi | akathah swara kang kapiyarsa | kumara teyang arame | rêming tawang sitèngsu | kalamukan nging mamênuhi | anut ing tiranghing lwah | ngatmaka§ Prayoginipun / ngyatmaka /. asamun | kidang amangsit ing jurang | asri tinon kênyaring sudama ngalih | kadi atuduh marga ||

4. Kidul ngilèn papaganpagagan. waradin | sumyak swaraning tunggu tanduran | kang mangrèng manca sulinge | ramya sinung ing winung | tan pantara kukulan muni | barung kalawan luwak | swaranya kumrusuk | kèwuhan Ni Selabranti | kang kaèsthi amung surasaning pati | tan angèsthi durgama ||

5. Jurang sêngkan tan minagèng margi | cêmara gêng-gêng sumyak kanginan | kongkang muni ing rong rame | mèh raina sumunu | Hyang Aruna nalikanèki | mega abang sumirat | alangên dinulu | ana kadi motiyara | kang sawênèh asawang wastra macêthi | rinêngga ing kanaka ||

6. Sakamantyan sang ArumaAruna. mijil | warna bangun rarase tumingal | manahe tansah wirage | angimbu ing astanu | rarasing tyas agêng akingkin | baya upamakêna | warnane dinulu | wijilira Hyang Aruna | kadi netyaning dyan anèng tilam-sari | kataman dening priya ||

7. Sawijilira ing desa tani | anuju rêke ing mangsa kapat | tanggaling wulan Kartine | sinungsung dening tanu | pinamandra warnaning sasi | mêkar maduning lirang | gandanya mrik arum | rinubung dening jarahan | amrik minging gandaning jangga kasturi | manguni selasmara ||

8. Antya nalikanira nèng margi | panjrahing puspita pinggir marga | trikancu abra sêkare | tanjung cêpaka wungu | mungging kering sêkar têngguli | bakung tatara warsa | anjrah sêkaripun | angrok lawan mandhalika | sungsung guyu amilid lawan wewadiwêwadi. | tinon yayah ring surat ||

--- 11 : 28 ---

9. Araryan asri tulya angrawit | sasoring angsana abra-sinang | tandya sumawur sêkare | awor lan sêkar wungu | lan kang jênar asri mênuhi | lir laca-laca ing dyah | ing awulang lyangut(?) | sata dènnya aliwêran | mangrêngihe kadi sambating arêsmi | sajroning pakasutan ||

10. Ni Cênthini alon marêpêki | arsa matur marang gustinira | dhuh gusti nêdha arèrèn | arsa ngrêmakên suku | Ni Cênthini angasih-asih | arsa anginum toya | angganira lêsu | baya têmbene lumampah | tanpa turu sawêngi angèsthi pati | mèsêm Ni Selasmara ||

11. Alon raryan nira§ Prayoginipun / sira /. Selabranti | alinggih ing sela sumayana | mênggêp sapari-polahe | sarwi angucup gêlung | wastra lungsur kang dèn-waoni | asiduwa ing sela | saya wimbuh ayu | pawongane atur sêkar | ing ngarsane caraka panamur brangti | sang dyah asusumpinga ||§ Prayoginipun / asusumpingan /.

12. Nulya asumping sêkar taluki | gambir inganggit kalawan noja | wiraga munggèng gêlunge | tumurun dhatêng ranu | duk kawawas citra nèng warih | mangu Ni Selabranta | sêkare dèn-racut | ayu emane tan dêrman | tanpa ngrasa sarira awèta urip | angur baya matiya ||

13. Alinggih mangke têpining bèji | mina mijil asri aliwêran | lir panapa pangidhêpe | ramya asri asêlur | asrang-srangan kang manjing mijil | kadya wong anêmbrama | ing pangidhêpipun | cakul amarêki sela | dêlêngnya nglung yèn wonga kadya ngaruhi | marang sang wau prapta ||

14. Aliliyangan ing parang wèsthi | rêspati sarya angronce sêkar | yèn tinon tan na timbange | tênggêgnya nglunging gadhung | madya anglèh amatrêm kèngis | kang pambayun nyu dênta | pantês agawe kung | asèngêh agawe rimang | kang kapapag sakèh wong kataman branti | marang Ni Selabranta ||

--- 11 : 29 ---

15. Kalêswan mangke Ni Selabranti | asare ing sela sumayana | eca dènnira asare | kasongan dening andul | tirta muncar ilinya wêning | mijil saking pratala | swarane kumrusuk | ririsira anèng tawang | pangrêngihe sadpada angingsêp sari | kadya amriyêmbada ||

16. Ambarung ponang kitiran muni | dêrkuku munya ing pang sauran | kukila rame asèng-sèng | kapodhang munya cilung | mencok ing pang ataru rêsmi | cocak amangsa wohan | polahe kayungyun | padha talisik ing êpang | sajalwèstri sajakira ngasih-asih | lir wong akrama anyar ||

17. Umyung gumuruh kang pêksi (ng)gêndhing | kapodhang kadya anabuh kêndhang | kang canggèrèt lir kakangsèn | kukila kadya ngidung | pêksi miyak kadya nyulingi | cocak kadya ngamanak | cabak kadya ngêtur | ingigêlan ing manyura | pêksi jabêl angakak kadya (ng)guyoni | caciya latah-latah ||

18. Awurahan swaraning kang paksi | srigunting kadya adarbe karya | polahe kadya kakare | ramya asrang asêlur | lir kondangan kang lagya prapti | lunga angundang-undang | pêcuk wus alungguh | palatuk asewa-raga | kadya pemut sulindhit kadya ngadèni | gêrba anopèng bangsa ||

19. Asri kuthilang galathik kuning | kadya suwara wala lan besan | murina kurang tukonne | jalak lan paksi siyung | mencok ing pang kadya (n)jaksani | lir akèn agadheya | babêluk marêngut | lir kasor palinggihannya | paksi jowan nibêr kadya wong apurik | lir amadal pasilan ||

20. Kagèt awungu Ni Selabranti | amiyarsa pêksi awurahan | pupunganpupungun. lêng-lêng driyane | pan wus wasis ing ngèlmu | paksi ika kadya ngaruhi | polahe brangtaningwang | têkan (n)don aturu | angur aja anglalana | têkèngal nêpsune dèn-kuratèni |Kurang satu suku kata: têka enggal nêpsune dèn-kuratèni. angur aja lung-a ||Kurang satu suku kata: angur aja lunga-a.

21. Tumurun aris Ni Selabranti | arsa ngambila toya sêmbahyang | asalat Ngasar karsane | Ni Cênthini pan tumut | wus angambil hèr pangastuti | arsa tumuta salat | mangkya karsanipun | sampun [sam...]

--- 11 : 30 ---

[...pun] ambabar musêla | dipun-rakit ing sela dènnya ngastuti | sampun angangkat salat ||

22. Anjênêng mangke andum pangêsthi | madhêp ing lyan ingkang sinukartan | tan mèngèng ing lyan ciptane | apti anunggal kayun | wus ambênêr pangadêgnèki | madhêp marang ing keblat | tatakraminipun | kalbune madhêp ing darma | wus rumangsa yèn kinèn nêmbah amuji | pujinira wangsulan ||

23. Angikêt niyat Ni SelabrangtiSelabranti. | kasdu takrul takyin wus kawangwang | ing jro lêkase sêmbahe | parêng lan takbiripun | aksarastha kang dèn-parêngi | cipta madhêp ing nawa | yèn Allah Kang Agung | ikram marang kang sinêmbah | sampun mikrat sêmbahe ingkang kalingling | anging kang sêdya murba ||

24. Mujanat rêke ingucap iki | sakèhing puji kawilang-wilang | iku minangka ature | lesaning dasih iku | pan kinarya larapanèki | anêbuting priyangga | kak-ing ngèsthinipun | iku nêmbah kang siniyan | lir pawana amarga tulupanèki | dènnya muji anêmbah ||

25. Dadya tan jênêng rêke tubadil | apa tubadil têgêse ika | kagantyan kandhêh sêmbahe | kalimput ing sih iku | dadya sirna pujining dasih | lir sodama lan surya | ing pralambinipun | apandulon lawan arka | ing ulême sodama andadi rawi | iku sêmbah utama ||

26. Sampun kaèsthi wiyosing takbir | amaca wajah Ni Selabranta | dèn-adhêpakên kalbune | ing Pangeran Kang Agung | kang akarya bumi lan langit | sunat amaca wajah | Patekah kang pêrlu | amiwiti nêbut nama | ingkang murah ing donya asih ing§ Prayoginipun / mring /. mukmin | ing têmbe ing ngakerat ||

27. Alkhamdulilah sampun kaèsthi | sakèhing puji katur ing Allah | Pangeraning alam kabèh | kang murah ing donyèku | ingkang asih sakèhing mukmin | têmbene ing ngakerat | iya iku ratu | ing têmbe dina kiyamat | kang sinêmbah kang rina lampahan nênggih | sakèhe kang siniyan ||

--- 11 : 31 ---

28. Liwatêna dadalan kang rungsit | tuduhêna dadalan kang padhang | dèn kadi ing dadalane | kakasih tuwan iku | para salèh lan para wali | miwah para ambiya | aja kang kayèku | kawula kang pinurikan | wong wilalat katulak Tuwan (m)bêndoni | amin Tuwan trima-a ||

29. Wiyose Patekah wus kaèsthi | amaca ayat Ni Selabranta | sunat punika ayate | arukuk ika parlu | mangkya rukuk Ni Selabranti | angapêsakên angga | sêmune anuhun | asal palaling Pangeran | yèn tan tulus apuranira puniki | mangkya tadhah mustaka ||

30. Angangkat sirah Ni Selabranti | lah Tuwan ika ingkang miyarsa | dasih punika ature | asujud tan na santun | anrahakên anggaotèki | ingkang pitung prakara | dèn-sorakên iku | anggaota kang minulya | dèn-sorakên lir tirta saking ing ardi | mili maring sagara ||

31. Angangkat sirah mangkya alinggih | tumaninah ing linggihe ika | rêna sukur satitahe | kang murah ing donyèku | kang asipat pangapurèki | pindho sujud punika | kadi kang rumuhun | anjênêng mati rêkangat | sampun jangkêp rêkangat kang kaping kalih | mangkya atahyat sunat ||

32. Apêngal rêke jênêngirèki | tahyat awal rêke kawruhana | titiga rêke cacahe | sunat apêngal iku | yèn kalalèn asujud sarwi§ Prayoginipun / sahwi /. | kocap ing dalêm surat | dèn-wruh jatinipun | lungguh tahyat lan salawat | sapunika jênênge apêngal singgih | jangkêp tigang prakara ||

33. Anjênêng malih mangkya miwiti | rêkangat rêke kang akir ika | kalih rêkangat kathahe | pan salat Asar iku | pan sakawan rêkangatnèki | sampun jangkêp sakawan | mangkya tahyat parlu | nêm prakara pêrlunèka | lungguh tahyat salawat kalayan tartib | niyat kalawan salam ||

34. Antuka salat Ni Selabranti | salam minangka pambuka salat | parlu kang munggèng karsane | ngalekum wangênipun | sunat

--- 11 : 32 ---

rêke salam kang kèri | sampun dènnira salam | amuji kang mangsud | amaca tasbèh andonga | tan asêru dongane osiking ati | iku sêmbah utama ||

35. Angandika rêke sang Utadi | amiyarsa swarane kang pudya | kang asangêt ing swarane | sang duta agya muwus | aja asru dènnira muji | apan Pangeranira | wus sêdya angrungu | wruh osiking parimana | nora kilap pan asipat samak basir | marmane kadya ika ||

36. Ni Cênthini kalanira takbir | tyasnya limut dening pancadriya | katon sasolah-bawane | adan angangkat wuru | usaline dèn wali-wali | dènnya angangkat tahyat | ing patitisipun | sarêng tibaning aksara | ing ikrame suwe mijêt wohing ranti | iku sêmbah kang madya ||

37. Kang sawênèh sêmbah tan wrin wèsthi | akèh mijil ing lesan kewala | tan wruh ing ngambêng-ambênge | lesane sasar-susur | tata lapal lan dèn-rasani | sunat parlu punika | mapan ora wêruh | tan arsa atatakona | nora wikan yèn akèh sêmbah nampalih | akèh wong kang mangkana ||

38. Wênèh ana wong kang angabêkti | wong sêmbahyang sapisan kewala | nora wikan ing wêktune | rêkangate tan wêruh | nir kayane kaciptèng ati | katon gawang-gawangan | ing jro bêktinipun | kaya ge-age wusana | karsanipun angayun-ayun kêndhuri | sêmbahe ngayawara ||

39. Dyan warnanên polahe kang brangti | Ni Selabrangta anganyut karsa | tan dèn-mumule awake | lumêbêt ing wana gung | tan atêbih Nikèn Cênthini | minangka rewangira | tansah atut pungkur | anganyuta pêgat trisna | amatèkkên raga sadurunge mati | mung amulating tunggal ||

40. Wratmaka jurang wana atrêbis | sela gung ika katundha-tundha | toyanyanjog gumarènjèng | tibèng parang sumêmbur | toya wêning lumut awilis | kasongan wrêksa mala | mambak pacar banyu | pakis angudhaèng toya | jangga lumung ing têpi lawan amiji | anjawar lagya (m)babar ||

--- 11 : 33 ---

41. Wrêksa gung gurda ngungkuli margi | wre mawurahan mangsa wowohan | wut lutung ing pang arame | akathah alahipun§ Prayoginipun / ulahipun /. | kang sawênèh anèng pa§ Prayoginipun / pang /. linggih | amangsiti rowangnya | yèn ana wong rawuh | rewangnya samya wurahan | Ni Cênthini tumingal mèsêm ing ati | sato idhêp ing jalma ||

42. Alinggih mangke sela tumawing | Ni Selabranta amantun êtal | ing guwa dènnira rèrèn | tanpa guling yèn dalu | yèn raina tan arsa bukti | asru matèkkên raga | angilangi nêpsu | wus lali ing jiwa-raga | saya lêsah salirane dèn-larani | wus amindha kunarpa ||

43. Lêsahing raga anirna kapti | warnanira apindha kunarpa | amung kari kêkêtêge | Ni Cênthini andulu | dahat sira langkung prihatin | gusti matèkkên raga | tan wrin polahipun | kari katêtêg kewala | Ni Cênthini gustinira dèn-sungkêmi | asru dènnya karuna ||

44. Ni Selabranti amuwus aris | babo Cênthini sira muliya | mring Wanamarta dèn-age | warahên sanakingsun | miwah rama kalawan bibi | lamun ingsun wus pêjah | anèng ing wana gung | lawan sira mardika-a | dene mèlu lara marang ingsun bibi | poma matur ring rama ||

45. Panjalukingsun mring sira bibi | lamun ana babo halatingwang | ingsun jaluk apurane | mangka malih sirèku | lamun ana alpanirèki | ingsun suka ing sira | ewuhing tumuwuh | manawi kalangan pêjah | dèn karuwan ijab kalbuning kang lathi | padha alal-bahalal ||

46. Ni Cênthini alon matur aris | wijiling sabda awor karuna | dene tan kèdhêp ature | punapa pênêdipun | yèn mantuka kawula gusti | pan sêdya angawula | paran marmanipun | nyaine dupèh punapa | gusti asih amamarahi ing ngèlmi | tur sinung pamardikan ||

--- 11 : 34 ---

47. Nadyan lêbura dèn-kadi siti | mangsa tilara dhatêng andika | tan arsa pisaha mangke | tinuting satya tuhu | kang amuruk rêke ing ngèlmi | ing aksara wus wikan | pamulang sang ayu | kang mungkiri patakonan | sinung jalal dening pan sakawanèki | anèng jroning naraka ||

48. Ni Cênthini sangsaya birai | aptining driya amrih lêksana | dèn lampusakên ragane | midêr ing alas agung | yèn alinggih tansah adhikir | asru branti maring Hyang | adoh parannipun | lampahe kalunta-lunta | Ni Cênthini saênggon-ênggonirèki | sang dyah paksi taruna ||

645. Sinom

1. Ênêngna Ni Selabranti | kang nglampus raganirèki | taksih anèng jroning guwa | wontên kawuwusa malih | dhukuh anyar tulyasri | mung kakalih kang dhudhukuh | awasta Mangunarsa | santrine amung satunggil | wastanipun Ki Santri Monthèl punika ||

2. Tansah apitakèn salat | Santri Monthèl siyang ratri | masalah rukuning salat | ing guru Mangunarsèki | amba tuwan nuwun sih | kêdah tuwan kula-suwun | kawula dèrèng wikan | ing agama kang sayêkti | Mangunarsa alon mèsêm sarya ngucap ||

3. Salat iku sun-arêngya | sakawan rukunirèki | rukun pingil kang pangarsa | miwah mangko kaping kalih | anyandhak rukun dhikir | nênggih kaping tiganipun | rukun kasir namanya | kaping pate rukun tawil | Santri Monthèl mung iku pamanggih-ingwang ||

4. Ki Santri malih atanya | panujune kadipundi | Mangunarsa wuwusira | rukun pingil iku nênggih | rêke kawan prakawis | ngadêg linggih rukuk sujud | ing rukuk dhikir ika | kèhe mung limang prakawis | iya iku Ki Monthèl pamyarsaningwang ||

5. Kang kariyin takbir ikram | nênggih ingkang kaping kalih | iya amaca Patekah | kaping tiga tahyat nuli | ping pat salawat nênggih | kaping lima salamipun | sarta pangadêgira | rukun kasir iku nênggih | tangi sujud ping kalih pangadêgira ||

--- 11 : 35 ---

6. Lan rukunning tawil ika | punika ta kadipundi | manira arsa uninga | Mangunarsa wacana ris | ing panujune iki | tangine rukukirèki | rêkangating wêkasan | maca donga Kunut nuli | tanya malih Santri Monthèl amlasarsa ||

7. Sunate kadi punapa | ingkang anut rukun pingil | Ki Mangunarsa angucap | yèn angangkat asta kalih | tatkalanira takbir | -ikram mangkana rèhipun | gagajihing talingan | lan pucuk jêmpoling driji | iya anèng poking tatalinganira ||

8. Lan (n)jèjèrkên jarijinya | iku sampun sangêt ugi | mêngko yèn angangkat asta | iku lêkas rukuknèki | myang tangine anuli | iya miwah yèn asujud | ngêpêlakên jarijinya |Lebih satu suku kata: ngêpêlkên jarijinya. lan panuduh ing pucuking | iya ambênêri gagajihing karna ||

9. Lawan malih linggihira | linggihing tahyat awalli | Santri Monthèl alon mojar | kang anut ing rukun dikir | pundi panujunèki | ing sunate lon amuwus | sira Ki Mangunarsa | sasanga kathahirèki | wajah iku kang dhingin pangrunguningwang ||

10. Lawan aminne Patekah | sarta lan donganirèki | ayat ingkang kaping tiga | ping sakawan maca tasbih | kaping limanirèki | sami-allah ping nêmipun | takbir rêke ing tingal | miwah ping sapta Ki Santri | tahyat awal salawat kang kaping astha ||

11. Salam akhir kaping sanga | Ki Santri Monthèl turnèki | lah kadipundi punika | (m)bok kalalèn salah siji | Mangunarsa lingnèki | ingkang sunat bedanipun | drajade beda-beda | ana kirang apa lêwih | drajade punika samining sunat ||Kurang satu suku kata: darajade punika samining sunat.

12. Ana kala§ = kadla, Ar. ing kalanya | tinambalan sujud sahwi | ana miwah lawan ora | Santri Monthèl matur malih | paran karsanta mangkin | pan sami sunat puniku | Mangunarsa angucap | karana mangkana nênggih | yèn kalakon puniku sunat abêngal ||

13. Sayêktine katingalan | ora owah urutnèki | puniku ing dalêm salat | beda lawan ingkang dhingin | yèn tilar salah siji | saking sunat aslihipunaslinipun. | atilar tan na ngangkat | ing tatkalanira takbir | -ikramira miwah myang ing rukunnira ||

--- 11 : 36 ---

14. Saèstune tan katingal | owah ing urutirèki | Santri Monthèl lon turira | anêdha ulun kiyai | ing sawab barkat ugi | ulun ing parlu puniku | ingkang kalalèn punika |Lebih satu suku kata: kang kalalèn punika. yèn rinasuk kadospundi | ngandika lon yèku tan pakolèh pisan ||

15. Yèn saking kalalènira | ing dalêm parlune nênggih | ing rusake ta punika | ana pakolèhe ugi | tan ilang-ilang yêkti | sakadare iya iku | nanging yèn maha-maha | sinung laknad de Hyang Widdhi | binêndonan tur siniksa ing akerat ||

16. Ênêngna dènnira bantah | Mangunarsa lan Ki Santri | yata ganti ingkang kocap | Cênthini winuwus malih | ingkang anggung mlasasih | ragane tansah dèn-lampus | asru brangti maring Hyang | dhasar nêdhêng wus birahi | amlasarsa lampahe katiwang-tiwang ||

17. Cênthini kagyat tumingal | amulat dhukuh tulya sri | panggonane pinggir jurang | kinubêng tanduran asri | palipir kacang wilis | awor lawan kapas taun | têbu wulung ajajar | terong kakara cicipir | abra ingkang sasêkaran warna-warna ||

18. Pagaganira tulyèndah | lor wetan prênahe asri | sangkêp tanduran mawarna | jagung jawawud lan jali | sinalisiran sami | katak karundha angrayung | talês katak bilungan | jawawud palisir uwi | warna-warna tanduran pinggiring jurang ||

19. Masjide alit linepa | nênggih ing sela cêndhani | natare kèdêran toya | sitine katingal rêsik | pinagêran seta di | kakarangan selanipun | angongang sakalayang | pinagêran pancaksuji | tinanduran andong bang tinon asinang ||

20. Ni Cênthini sakamantyan | tumingal kang masjid alit | papêthètan warna-warna | jêmbangan rinajawardi | umpakipun ingukir | akayon mandèri andul | kinubêng ing sêkaran | sumarsana lan warsiki | pacar banyu wongarumpak wongranaga ||

21. Sèh Mangunarsa nèng langgar | sêmbahyang lan santrinèki | sampuning bakda umêdal | alinggih anèng surambi | amaca surat sami | nulya Ki Monthèl tumurun | anèng ing palataran | tumingal wontên pawèstri | Santri Monthèl sigra wau tinakènan ||

--- 11 : 37 ---

22. Ki Santri kula atanya | punika wastane pundi | têmbene anyar tumingal | lawan sintên kang palinggih | dene endah tulya sri | Ki Monthèl alon sumaur | dhêkah ing Wanataka | Mangunarsa kang palinggih | bagus anom wahêdat masih taruna ||

23. Sawusira atatanya | Ni Cênthini nulya bali | arsa tutur ing gustinya | Ni Tambangraras ing mangkin | sapraptane anuli | tinutur ing solahipun | yèn wontên dhukuh anyar | nèng pinggir jurang tulya sri | wastanipun padhêkahan Wanataka ||

24. Awasta Ki Mangunarsa | punika ingkang palinggih | santrine amung satunggal | masjide cilik arêsik | lepa sela cêndhani | kèdêran ing toya agung | tanduran warna-warna | woh-wohan kang adi-adi | sakamantyan rêmêne manah-kawula ||

25. Ki Mangunarsa punika | kapanggih ngaji nèng masjid | kitab swarane arênyah | mèmpêr Ki Sèh Amongragi | dinulu saking wuri | miwah tindak-tandukipun | mèmpêr raka-andika | suwawi pinaran tami | Selabranta ngecani manah mangkana ||

26. Adandan Ni Selabranta | wusnya lumampah aririh | sarya angowahi sinjang | kêskule tansah cinangking | kulambining taluki | anyangking sêbene wungu | tuhu tingal ngawirya | Ni Cênthini animbangi | sinjangira tinambal-tambal ing sutra ||

27. Ni Cênthini lon lampahnya | kikinthil tansah nèng wuri | sêmune kadya wus pasrah | babandan marang Hyang Widdhi | tansah agung prihatin | pan sêmune wong aluhung | datan angumbar tingal | warna yu tuhu linuwih | wadanane kadi sasi karainan ||

28. Yata Ki Sèh Mangunarsa | lagya ngaji anèng masjid | wikan yèn ana dhatêngan | Santri Monthèl andharidhit | istipar wanti-wanti | tumingal rubiyah ayu | mangu Ni Selasmara | tumingal Mangunarsèki | ni rubiyahNi Rubiyah. karasa kakunge tilar ||

29. Mangkana laju lampahnya | prapta palataran sami | gupuh-gupuh Mangunarsa | suwawi andika linggih | sang dyah micarèng ati | wong iki yèn ingsun-dulu | têka alus pasaja | kaya Ki Sèh Amongragi | nora loro kalawan Ki Amongraga ||

--- 11 : 38 ---

30. Sawusnya tata alênggah | Mangunarsa tatanya ris | baya kadhatêngan wirya | kang kampir ing dhukuh-mami | Rubiyah saurnya ris | inggih wong awon pukulun | duraka ing Pangeran | tansah alara prihatin | de tinilar ing laki Sèh Amongraga ||

31. Ki Mangunarsa parentah | Ni Darêman ta sirèki | mentara marang pagagan | amèta susuguh tami | kacang gudhe kacipir | talês uwi lawan kimpul | Ni Sulastri adanga | Santri Monthèl angrewangi | gya lumampah ingkang kinèn asasêgah ||

32. Tan adangu nulya prapta | kang rampadan anèng ngarsi | Ni Rubiyah micarèng tyas | salamine sun tan bukti | pijêr branta ing Widdhi | tanpa dhahar tanpa turu | mêngko amanggih sêga | angecani tumut bukti | Ni Rubiyah eca dènnira adhahar ||

33. Wus surup Sang Hyang Pradangga | angangkat salat Mahêrib | Santri Monthèl anèng wantatwuntat. | sawuse asalat nuli | angundang santrinèki | Sira Monthèl ingsun-utus | undangên Anggungrimang | tutura yèn ana tami | Anggungrimang konên anggawa tarêbang ||

34. Kaki Monthèl gya lumampah | tan adangu nulya prapti | ing wismane Anggungrimang | nulya-a lumampah aglis | kula ingutus Kyai | angundang marang sirèku | lan kinèn (ng)gawa trêbang | Ki Mangunarsa ing mangkin | katamuan èstri saking Wanamarta ||

35. Anggungrimang atatanya | Ki Santri yèn mungguh mami | tamuwan sanak wanodya | pangrunguningsun rumiyin | lampah dèn-kadi Nabi | ya maksih ampungan iku | Idajil nyurup ika | Ki Monthèl alon turnèki | mangsa borong rakanta Ki Mangunarsa ||

36. Tan adangu nulya mangkat | sarwi amêkas ing rabi | mêngko acawisa boga | sun kesah nêmoni tami | lampahira agipih | sapraptanira ing dhukuh | ngandika Mangunarsa | suwawi adhi alinggih | nulya linggih Anggungrimang mangku trêbang ||

37. Tan adangu nulya nêrbang | singir Wali Ajal-urip | suwarane anggaruntal | pawèstri samya ningali | Anggungrimang rêspati | de alul wasis ing têmbung | irama wus anêlas | miwah santri Arab Jawi | tuhu luwih kala jaka Anggungrimang ||

--- 11 : 39 ---

38. Sarwi angangge rasukan | sinulam sêrban sultani | sarwi amangku tarêbang | swarane arum amanis | kala taksih taruni | kênya Kadhiri kèh kènyut | dèn-ênthêt-ênthêt mana | campur bawur suluknèki | swaranira anyênyêt arum arênyah ||

39. Cênthini anggung tighapar§ Prayoginipun / istigpar /. | miyarsa caritanèki | miwah polahe narêbang | sadaya gumuyu sami | tarêbang angrarangin | apatut lan swaranipun | Ki Monthèl ngidung agya | singire Usul ginupit | tingkahira wong wulu batal lan karam ||

40. Mangunarsa anarêbang | swaranira rum amanis | Ni Selabranta kacaryan | dènnira amara-tami | Cênthini dèn-wangsiti | iya takonana iku | cobanên patakonan | Ki Santri Monthèl puniki | Ni Cênthini aris dènnira tatanya ||

41. Ki Santri kula tatanya | maring andika kiyai | ana pangucap mangkana | Iman lan Islam kiyai | kaya pa bedanèki | yèn tunggila ta puniku | paran ingaran tunggal | kang Iman lawan Islami | bedanipun lan tunggale ucapêna ||

42. Ki Monthèl alon lingira | marang Ni (m)bok Selabranti | lah puniku botên bisa | kajawi (m)bok Selabranti | mundur ngisin-isini | Ni Rubiyah awakingsun | kula andika wulang | wong punung atungkul§ Prayoginipun / katungkul /. dhangir | pintên banggi uninga Iman lan Islam ||

43. Ki Santri Monthèl pinêksa | kinèn ngucapakên nuli | bedane Iman lan Islam | kadipundi rukunèki | ucapna salah siji | aja ta kumlamar kayun | lamun nora wikanna | nora êsah iku kyai | nora êsah yèn sira anganggo dhêstar ||

44. Santri Monthèl aris angucap |Lebih satu suku kata: Santri Monthèl aris ngucap. Ni Rubiyah myarsa-mami | Iman lan Islam bedanya | anênggih lair lan batin | Islam puniku lair | iya Iman batinipun | malih Cênthini ngucap | rukunipun kadipundi | ingkang aran iya Iman lawan Islam ||

45. Pira kèhe rukunira | lan têgêse rukun êndi | Santri Monthèl aris ngucap | inggih ing pamyarsa-mami | têgêse rukun singgih | iya

--- 11 : 40 ---

wak-awakan iku | Iman nênêm prakara | iku kawruhana ugi | Islam itu kèhe mung limang prakara ||

46. Kang dhingin ngandêl ing Allah | sipat purba tanpa sami | kapindho malekatira | ping tiga kitabirèki | ping pat utusan nênggih | lan dina kiyamat besuk | punika kaping lima | jangkêpe nênêm prakawis | untung ala untung bêcik pasthining Hyang ||

47. Wontên dene rukun Islam | puniku gangsal prakawis | sahadad kalih kalimah | asêmbahyang kaping kalih | apuwasa kaping tri | ing wulan Ramêlan iku | ping sakawane jakat | jangkêpe gangsal prakawis | yèn kuwata minggah kaji marang Mêkah ||

48. Nanging ta pamyarsaningwang | Ni Rubiyah Selabranti | salah siji yèn tininggal | dadi dhêndhaning Hyang Widdhi | papa ingkang pinanggih | yèn kalampahan iku |Kurang satu suku kata: yèn kalampahan puniku. pan ginanjar dening Hyang | pan wus ubayaning Widdhi | mung puniku Ni Rubiyah pamyarsèngwang ||

49. Cênthini malih atanya | paran karsane kiyai | sahadat kalih kalimah | Ki Monthèl sumaur aris | sahadat kang kariyin | anging Allah ingkang Agung | pindho Nabi Muhammad | kalane ingutus yayi | anèksèni marang wong Islam sadaya ||

50. Mujêmale kaya ngapa | ingkang aran sadat kalih | dene kang aran mujêmal | musapale ingkang pundi | Ki Monthèl anabda ris | musapale ta punikaGuru lagu seharusnya: 8u, musapale ta puniku. | makripat Tokid Iman | Islam kang amêngku yayi | ingkang aran sahadat kalih sarkara ||

646. Dhandhanggula

1. Ni Cênthini pinardi wangsit |§ Kirang sawanda, prayoginipun / pinardi ing /. (m)bok Rubiyah manira atanya | dusing wong wadon kathahe | kang pinarlokkên iku | pira kèhe dusing wong èstri | ing karan pakênira | puniku dèn-ketung | akèh wong kang pêksa bisa | ting janunup yèn tinari angulati | dèn-tog akulintiran ||

--- 11 : 41 ---

2. Ucapêna rêke kang sayêkti | manira iki ayun uninga | kang pinêrlokakên mangke | yèn ta wêruha iku | sing karyane nora lêstari | lir satata sambawa | polahe wong iku | kaya martabating nata | lir maesa sarupa yèn wong liniling | tan liwat saking kewan ||

3. Ni Cênthini rêngu anauri | kae Santri manira miyarsa | duse wong wadon kathahe | kang pinarlokkên iku | pan lêlima rêke wong èstri | kakalihing wong lanang | puniku kang pêrlu | kayapa ing pakênira | Kaki Monthèl wusira amrih asinggih | lah iku ucapêna ||

4. Kang kariyin kèl araning iki | ping kalihe yèn adus jinabad | wiladah kaping tigane | nipas kaping patipun | ping limane rêke yèn mati | mayit iku dinusan | puniku kang pêrlu | kakalih iya wong lanang | iya iku jinabad kalawan mayit | iku pangrunguningwang ||

5. Santri Monthèl amardi ing wangsit | (m)bok Rubiyah manira tatanya | parlu punapa têgêse | myang asunat puniku | kaya ngapa bedane nyai | Ni Cênthini angucap | kang pêrlu puniku | sawab lamun linampahan | yèn tinilar pêrlu iku andosani | puniku tur siniksa ||

6. Ingkang sunat ta kadi punapi | (m)bok Rubiyah manira tatanya | punika paran têgêse | Ni Cênthini amuwus | ingkang sunat rêke puniki | sawab yèn linampahan | pakarti puniku | ginanjar dening Pangeran | yèn tininggal iku pan ora (n)dosani | iku têgêse sunat ||

7. Ingkang karam lan makêruhnèki | punapa rêke ing karsanira | punika paran têgêse | Ni Cênthini amuwus | ingkang karam puniku Kyai | sêbab yèn sininggahan | pan pakantuk agung | ginanjar maring Pangeran | yèn angambah karam iku andosani | puniku tur siniksa ||

8. Ingkang makruh ta kadi-punapi | Ni Rubiyah karsa pakênira | kaya ngapa ta têgêse | Ni Cênthini amuwus | kang makêruh inggih Kiyai | sawab yèn sininggahan | pakarti puniku | ginanjar munggèng Pangeran | yèn ingambah makruh nora ambayani | manira amiyarsa ||

--- 11 : 42 ---

9. Kang mubah ika kadi punêndi | Ni Rubiyah mangko ucapêna | punika paran têgêse | Ni Cênthini amuwus | ingkang mubah rêke puniki | nora amawi fala | jaij arannipun | yèn tinilar pan mangkana | nora sawab lawan nora andosani | iku pamyarsaningwang ||

10. Kae Santri sun-atakèn malih | kang jinabad lawan junubira | punika paran bedane | yèn atunggala iku | kaya ngapa rêke puniki | Santri Monthèl lingira | ingkang junub iku | yêktinè abeda-beda | junub iku adoh ing lilima iki | jinabad asusucya ||

11. Ingkang pundi pandohepan dohe (dan di tempat lain). puniki | kang junub iku limang prakara | Ki Monthèl alon ature | pandohe kang rumuhun | nora wênang asalat iki | lan anggarap musakap | kaping tiganipun | nora wênang atilawat | sakawane tan wênang munggah ing masjid | midêr-midêra karam ||

12. Wênang salat yèn wus dèn-êdusi | jinabadake wastane ika | junub puniku pandohe | mangkane toya wulu | pan titiga karanirèki | nora awênang salat | lan atawab iku | tan wênang garap musakap | nora wênang mangke yèn amunggah kaji | midêr ing kakbatollah ||

13. Kadas punapa wastanirèki | ing jinabad lawan wulu ika | kang dus punapa wastane | Santri Monthèl amuwus | kang jinabad puniku nênggih | ingaran kadas akbar | ingkang toya wulu | ingaran kadas asêhar | kang asêhar puniku nora nyukupi | marang kadas akêbar ||

14. Kang asêhar nora anyukupi | marang wong adus rêke jinabad | dèn-sêrtakakên niyate | kalawan toya wulu | nora wênang iya nyukupi | cihnane kacukupan | ingkang toya wulu | dèn-sartakkên jijinabad | toya wulu cihnane nora nyukupi | marang kadas akêbar ||

15. Kaya ngapa ika Kyai Santri | ing jinabad kang parlu dinusan | punika pira kathahe | Santri Monthèl sumaur | Ni Rubiyah manira manggih | ingkang parlu dinusan | ing masalah iku | anane tigang prakara | Ni Cênthini wuwusira amrih singgih | punika ucapêna ||

--- 11 : 43 ---

16. Kariyin iku kurujul mani | lamun mêtune tanpa karana | ping kalih nênggih Islame | yèn angimpi wong iku | anêkakkên supênanèki | iku parlu dinusan | kaping tiganipun | acampuh asmaragama | lamun têkèng kasapah ika dèn-dusi | yèn ora tan dinusan ||

17. Niyatipun ta kadi punapi | Kae Santri manira tatanya | kang niyat paran jatine | mapan akèh kalurung | kadi pêcuk kang saba rawi | dènnya adus jinabad | polahe wong iku | anduwèni walêr ingwang | Santri Monthèl alon anauri aris | manira amiyarsa ||

18. Niyatipun kang kalampah iki | umum lan wênang limang prakara | amrih êsah sêmbahyange | punika sêdayanipun |Lebih satu suku kata: punika sêdyanipun. dadya mijil rêke ing jawi | ingaran juru-basa | kang niyat puniku | tansah ingalapatollah | niyat iku dudu basa swara nênggih | iku jatining niyat ||

19. Kaya ngapa ing karsanirèki | ing jinabad rêke pinasthika | punika paran têgêse | lan manira angrungu | ing istikna sinarawèdi | iku kadi punapa | ing karsanirèki | punika lah ucapêna | Santri Monthèl aris sira anauri | manira amiyarsa ||

20. Amèt wulu yèn sampun barêsih | wong iku dènnya adus jinabad | asêdya sêmbahyang mangke | iku ingsun angrungu | ing istikna sinarawèdi | ing sêmbahyang kiparat | bolu wastanipun | rumangsa lamun wiwirang | Ni Cênthini wuwusira amrih singgih | mangke manira tanya ||

21. Apa karane tinja susuci | duk mêtokakên najis punika | bolu punika wastane | bênduning Hyang dèn-ketung | Adam iku pusakanèki | duk kênèng pangrêncana | adhahar kuldèku | rumangsa lamun wiwirang | dipun madhêp ing wawasuh lair batin | iku marga sampurna ||

22. Najis punapa wastanirèki | ing wong lanang yèn adus jinabad | apa rupane najise | pan sukci mani iku | ing wanita kalal lan kawin | anging parlu dinusan | kaya pa puniku | Kae Santri yèn tan-wruha | upamane adol lênga kari busik | mèsêm Ni Selasmara ||

--- 11 : 44 ---

23. Punika aranne mustakirid | mani ing sir sah saking sasana | acampuh parêng karone | sipat kalihe iku | mapan tunggal pusakanèki | jinabad lan isjinjaistinja. | Adam purwanipun | iku angsale lênggana | jinanjèkkên dening Hyang dusira iki | dadi parlu dinusan ||

24. Yèn tan nastitèkêna puniki | dèrèng antuk jênênging manungsa | kêbo sapi papadhane | wênèh ingsun angrungu | wong pawèstri nora nglampahi | wus dening uwong lanang | wuruke wong bingung | ika karyanên paèsan | kang ingaran Patimah putraning Nabi | parandene jinabad ||

25. Toya wulu akadi punapi | najis punapa kang winasuhan | êndi rupane najise | pan suci angganipun | wus dèn-dusi dipun-lisahi | myang adi agaganda | kaya pa puniku | tan wênang têka sêmbahyang | Santri Monthèl alon dènnira nauri | manira amiyarsa ||

26. Lulmat najise kang dèn-wasuhi | iya iku kang saking lênggana | mari sumuk wêdanane | pan tunggal purwanipun | ing istinja lan toyastuti | mangkana ing jinabad | sing wruh ngèlmu iku | iya ingaran duriyat | jujuluke sosotya kang dèn-sunduki | manira amiyarsa ||

27. Kae Santri sun-atakon malih | pira kèhe parlune janajah | kang wajib linakon kuwe | Santri Monthèl lon muwus | nênggih rêke sakawan iki | kariyin adus ika | kaping kalihipun | angaranni wajib ika | kaping tiga ayun amêtêk sirèki | ping pat sêmbahyang ika ||

28. Pira kèhe parlune puniki | anêmbahyangakên mayit ika | ucapêna iku mangke | Santri Monthèl amuwus | nênggih rêke pipitu iki | angadêg kang kawasa | iku kang karuhun | kaping kalihipun niyat | sarta takbir kaping tigane puniki | manira amiyarsa ||

29. Patekah iku kaping patnèki | kaping lima salawat puniku | maca donga kaping nême | nênggih pipitunipun | salam awal rêke punika | sarta lan tartibira | manira angrungu | kaya pa ing pakênira | Ni Cênthini wuwusira amrih singgih | mangke manira tanya ||

--- 11 : 45 ---

30. Ing wong Islam ta kadi punapi | ing nalikane pati punika | êndi sartane imane | kadipundi puniku | ingkang nyawa utawa jisim | kadipundi puniku | Ki Santri amuwus | kalihe datan prabeda | ing ukume ta rêke Islam puniki | sarta badan sanyawa ||

31. Lamun mangkene puniku malih | nora beda wong kapir punika | ing nalikane patine | pan ingkang swarga iku | myang kang anèng jroning yomani | sarta badan sanyawa | anênggih puniku | ing pamiyarsa-kawula | Ni Cênthini tumungkul anukmèng ati | mandah Ki Mangunarsa ||

32. Ni Selabranta amuwus aris | Mangunarsa nulya tinakènan | kiyai manira takèn | ingkang Iman puniku | kaya ngapa ingucap dhingin | gumanti tokitira | makripate pungkur | ingkang Islam tan dèn-ucap | kaol kilèn makripat ingucap dhingin | gumanti tokitira ||

33. Iman Islam puniku nèng wuri | punika punapa karsa tuwan | kaol loro ing karanne | Mangunarsa amuwus | Anggungrimang kang dipun-tari | jawabên patakonan | dèn aris amuwus | dipun nêdya mutaladah | tan lênggana Anggungrimang anauri | wuwuse Selabranta ||

34. Kaol kilèn anênggih puniki | makripat dhingin rêke ingucap | gumanti ingkang tokite | ayun wikan rumuhun | tunggaling Hyang nora kakalih | sampun nyatane tunggal | tokit arannipun | tinêngguhakên ing nala | ingaranan Iman aranne puniki | manira amiyarsa ||

35. Ingkang Islam winuwus ing wuri | sampunira rêke nandhang Iman | tan lênggana ing pakonne | asalat siyam iku | ing Ramêlan lan munggah kaji | ajakat saka wênang | anglampahi iku | punika ingaran Islam | Selabranta wuwusira amrih singgih | mangke manira tanya ||

36. Kaol wetan ta kadi-punapi | kang Imani kang dhingin ingucap | gumanti marang tokite | makripat kang ing pungkur | Anggungrimang ingkang nauri | manira amiyarsa | kaol wetan iku |

--- 11 : 46 ---

undhak-undhaking lumampah | alul§ Prayoginipun / ahlul /. Iman iku dèn-ucapa dhingin | manira amiyarsa ||

37. Iku marmane dèn-ucap dhingin | mapan lampahing wong alul§ Prayoginipun / ahlul /. Iman | sarengat iku lampahe | lampah sarengat iku | rukun rêke puniki |Kurang dua suku kata: rukun Islam rêke puniki. marmane tau dèn-ucap |Lebih satu suku kata: marmane tan dèn-ucap. kang Islam puniku | wus lampahe ahul§ Prayoginipun / ahlul /. Iman | iya iku karsane kang ati alim | etang sawab ganjaran ||

38. Yèn sampun iku lampah aradin | lampahe sarengat wus rinêksa | sakathahing pakewuhe | tumindak lampahipun | prapta mangke ing alul§ Prayoginipun / ahlul /. tokit | kakekat lampahnèka | ya anunggal kayun | nora etang jiwa raga | iya iku karsane wong ati mukmin | nora etang ganjaran ||

39. Kadipundi pakewuhe iki | lampahing sarengat ucapêna | sakathahe pakewuhe | Anggungrimang amuwus | pakewuhe nênggih puniki | yèn karsa ingurmatan | ngagungakên ngèlmu | lampahe amrih kuncara | riya kibir ngèlmune kinarya kasil | iku wisaning lampah ||

40. Inggih rêke lampahing wong luwih | tansah angenakakên sarira | tan dèn-mumule awake | punika kang kaetung | lamun sakir§ Prayoginipun / saking /. tirta satitis | dènnya norrakên raga | ing pralambinipun | wimbaning windu manila | tiningalan ing warih katon jro bumi | kakekate nèng wiyat ||

41. Kadipundi ing karsanirèki | lintang ngaranan windu manila | sodama paran têgêse | Anggungrimang amuwus | nênggih lintang kalingan warih | ingaranan sodama | de ngarka sumunu | ingaranan diwangkara | lintang iku panalikane sitangsi | iku mas tan kumambang ||

647. Maskumambang

1. Ni Cênthini angalêm sajroning galih | mring Ki Anggungrimang | putus ing aksara lantip | wong pintêr têka katara ||

--- 11 : 47 ---

2. Ni Cênthini tyasira rêmên kêpati | mring Ki Anggungrimang | dhasare anom apêkik | rêspati sasolahira ||

3. Tan adangu sakêdhap anjawab malih | ingsun atatanya | kang andon lumampah prapti | Ki Anggungrimang gya mojar ||

4. Iya Ki Sèh Mangunarsa kang tinari | kakang sami tampa | ing wuwus puniku kyai | angucap Ki Mangunarsa ||

5. Selabranta patakone dèn-wangsuli | manira miyarsa | nênggih wong kang alul§ Prayoginipun / ahlul /. tokit | wus karêm ing Sipatolah ||

6. Brastha luluh ing paningal iku yayi | ingaran sêrikan | tingale wong alul§ Prayoginipun / ahlul /. tokit | dening wong alul§ Prayoginipun / ahlul /. makripat ||

7. Tanpa tingal kawruhira mring Hyang Widdhi | yèku ati wahab | akarêm mring Datolahi | mung titiga kinasiyan ||

8. Amung iku nabi wali lawan mukmin | sênès palayaran | nora beda kang pinanggih | nabi karêm mring ing Dat ||Kurang satu suku kata: nabi karêm maring ing Dat.

9. Ingkang karêm ing Sipat iku ya wali | wong mukmin punika | karêm Apêngallolahi | brastha luluh tingalira ||

10. Lah puniku kadipundi karsanèki | ing wong ngarip nora | amangeran kadipundi | punapa suwunga pisan ||

11. Mila akèh wong kang kadalurung ugi | lali ing paugêran |Lebih satu suku kata: lali paugêran. elinge atapi-tapi | gumuyu Ki Mangunarsa ||

12. Sabda kawruh dèn-samya sawiji-wiji | sor ing tata krama | Rubiyah winêrdi wangsit | (m)bok Rubiyah kula tanya ||

13. Turunning wong luhung tan padha lan bêkti | wong bodho punika | mila atakèn sayêkti | alon mèsêm Selabranta ||

14. Selabranta wuwuse arum amanis | ing kina miyarsa | sajroning turu atangi | sajroning mênêng angucap ||

15. Turunning wong ngarip mikrat turunèki | munajad tanginya | Sèh Mangunarsa nauri | tan kêna tinirokêna ||

16. Lir anangga toya ing kamumu nyai | manira miyarsa | paranne winastan sirik | de maksih jênêng paningal ||

17. Pana iku minangka pandoherèkipan dohirèki. | jatining kang tingal | ingaran

--- 11 : 48 ---

ijab nurani | uga tatèbènging cahya ||

18. Wontên malih masakèh ingkang ginupit | Bayajid wastanya | kalangkung tapanirèki | desane nênggih ing Bustam ||

19. Ajujuluk wau jêng Sultan Ngaripin | kalanya apana | sira Kyai Sèh Balajid§ Prayoginipun / Bayajid /. | ingaran amurang-sarak ||

20. Saemute têtêp dènnya angabêkti | yèku caning lampah | Mangunarsa muwus aris | Rubiyah manira tanya ||

21. Sapa baya ta sanakira si nyai | banggi wus miyarsa | ing sêmon tunggal pamanggih | alon mèsêm sarya ngucap ||

22. Pirabara angsal kanugrahan Widdhi | kang kawula têdha | tinuduhna marga radin | ya anunuwiyèng lampah ||

23. Ya ing kina rêke manira alaki | aran Amongraga | duk rarene Jayèngrêsmi | lintang paramartanira ||

24. Pan mangkana tutuwi sanake èstri | têkèng Nayaganda | kalêbêt ing kukum sami | ingaran angrusak lampah ||

25. Lampahipun tanpa tut sarengat Nabi | linabuh Tunjungbang | tri sanak ujare dhingin | jalu kalih dyah satunggal ||

26. Ingkang èstri awasta Ni Rancangkapti | kang jalu punika | awasta Ki Jayèngsari | samya lit tinilar kesah ||

27. Duk rusake Sotyaganda iku dhingin | tinuwi ing sanak | tan ana ingkang pinanggih | malah atêkèng antaka ||

28. Karane manira lunga andêrpati | saking tan abêtah | mêgêng trêsnaningsun iki | tan ketang ing lara pêjah ||

29. Mangunarsa sakêdhap kaya anangis | myarsa ing wartanya | polahe ing nguni-uni | Ki Mangunarsa gya ngucap ||

30. (Ng)gih puniku Nyai ingkang sun-ulati | pan ta sanakingwang | ing mangke dèrèng pinanggih | anangis Ni Selabranta ||

31. Mangunarsa age dènnira nabda ris | lah ta Anggungrimang | sira muliha dèn-aglis | padha sira wartanana ||

32. Yèn wus lami pêjahe Ki Amongragi | kesah Anggungrimang | akêbat dènnya lumaris | sapraptanira ing wisma ||

--- 11 : 49 ---

33. Gya rinangkul rabine ingarih-arih | dhuh mas mirahingwang | kakangira Jayèngrêsmi | mati linabuh Tunjungbang ||

34. Anglalana Amongragi angulati | rabine kang warta | anging sira tan kapanggih | malah têkèng Nayaganda ||

35. Sarêng myarsa wau Nikèn Rancangkapti | wusnya winartanan | yèn kakangnya wus ngêmasi | linabuh marang Tunjungbang ||

36. Dhat sumaput panonne Ni Rancangkapti | sarira marlupa | tambuh rasane kang ati | tansah mijil waspanira ||

37. Anggungrimang tumulya anjrit anangis | sarya ngrangkul jaja | lah mênênga sira yayi | manawi sira antaka ||

38. Kagyat wungu Ni Sulastri aningali | gustine kantaka | aniba ing salu aglis | (n)jrit nangis alara-lara ||

39. Kagèt kabèh tatanggane padha tangi | mirsa§ Prayoginipun / myarsa /. kang karuna | tanggane sadaya prapti | gupuh-gupuh atatanya ||

40. Ni Sulastri tutur yèn gustine mati | tanggane sadaya | wus tinuturan pra sami | ana anjrit aniniba ||

41. Kèh warnane ingkang sami angsung tangis | wênèh têbah jaja | wênèh aniba ing siti | saking trêsnane sadaya ||

42. Wontên malih tanggane êlêt satunggil | dhudha lawan randha | dhudha Salèh arannèki | myarsa kang tangis gumêrah ||

43. Karsa atutulung sarya nyangking kudhi | lan dhudha Prakosa | mêdal nyangking alunèki | sinêngguh ana drigama ||

44. Randha lola amêdal tapih kulambi | ngindhit padadahan | gupuh dènnira lumaris | lakune alangak-langak ||

45. Anglancangi susune akaplak-kaplik | sarwi ngore rema | lakune anglalancangi | samya gumuyu kang mulat ||

46. Praptèng wisma gupuh angungkap-ungkapi | akarya tatamba | gugap-gugup polahnèki | têka mipis-mipis lênga ||

47. Wontên malih rêke santri tunggu gagi | mamitran ni randha | anèng ranggon pinggir margi | awasta Ki Santri Rêna ||

--- 11 : 50 ---

48. Ni (m)bok randha gugup dènnira nulungi | mring santri kang niba | ni randha angrangkul gipih | nanging datan na uninga ||Pada naskah asli No. bait tercetak: 49; demikian selanjutnya sampai No. 51, pada naskah asli tercetak: 52.

49. Pamrihipun aja na ingkang udani | gya ingajak nendra | dhatêng ing raranggon malih | tan ana ingkang uninga ||

50. Nulya wontên wong liwat sakawan sami | anèng ing pagagan | Ki Santri gumêdêr§ Prayoginipun / gumêtêr /. ajrih | wong roro sarêng aniba ||

51. Polahira tapih siji dèn-karoni | dadya gagandhèngan | lumayu aniba tangi | mapan jrih yèn kasarkaran ||

648. Dhandhanggula

1. Ki Mangunarsa pan taksih linggih | nora wikan sanake kantaka | winartan dening rarene | aglis dènnya tumurun | sarencange padha tut-wuri | miwah Ni Selabranta | sing wong kang andulu | sêmu nora na kaduga | kang sawênèh sêmune ana aradin | wikan jatining lampah ||

2. Selabranta ika aningali | mring kang lena Nikèn Rancangdriya | anèm tur ayu rupane | kasênên pandam murub | warnanira kadya wong guling | kèngis waja kang kiwa | ngincang alisipun | kadi wong mèsêm kawangwang | Anggungrimang rabine tansah liniling | sarwi nangis alara ||

3. Mangunarsa mênêng tan kêna ngling | tumingale arine palastra | tan kêna ngrênggêp trêsnane | angrupêg idhêpipun | tingal kang lyan kang dèn-sakrêti | tan nancang ulat kang lyan | kang paranning dulu | anging kang Amurbèng Alam | Mangunarsa mênggah niba nulya mati | gumêr kang wong karuna ||

4. Santri Monthèl lara dènnya nangis | Ni Darêman asru gugulungan | dèn-pala-pala awake | angrês sasambatipun | Ni Sulastri lara anangis | sasambat amlasarsa | adhuh gustiningsun | ing pundi (ng)gèn angawula | gusti asih andina amituturi | angapura ing mindha ||

--- 11 : 51 ---

5. Selabranta mênêng datan angling | kaputungan manah tanpa karsa | dèn-rênggêp ing jro driyane | janjining Hyang kadulu | sarirane kinarya cêrmin | ika paranning tingal | Selabranta limut | kadi ta wong kasamoga | Selabranta tan dêrman awakirèki | dadya mijil kang waspa ||

6. Angrês tangise Ni Selabranti | Mangunarsa ingkang tinangisan | tan kêlar mênggêp trêsnane | Mangunarsa riningsun | awungua ta sira yayi | sadina rong dina-a | dèn-ingsun tatêmu | durung tutug sun-tuminggal | Mangunarsa kabobo bisa-a mati | sira agawe trêsna ||

7. Mênêng anangis Ni Selabranti | kaputungan manah tanpa ngucap | dadya nangis ing kalbune | asru panangisipun | Selabranta bisa anangis | dènnya nangis alara | dèn-sambungi guyu | guyune rêna satitah | panangise ajrih ing sira ningali | ing purbaning Pangeran ||

8. Liyêp tingale kandhuhan liring | tingaling dasih dadya suh sirna | luluh têka raragane | dadya atêmah lêngut | ing ngundhake nora na kèksi | jiwa raga suh sirna | dening Hyang Kang Agung | eloke nugrahaning Hyang | Selabranta anglêsing tyas angêmasi | Ni Cênthini anjola ||

9. Ni Cênthini aniba kêpati | dènnira nangis agugulungan | dèn-pala-pala awake | sasambatnya mlasayun | adhuh gustiningsun Ni Nyai | êndi ta ujarira | awêlas maringsun | anusup ingayam-alas | sun-tutakên sun-singgih tulusa asih | mangke têka atilar ||

10. Ki Santri Monthèl amituturi | aywa ginugu kang sampun pêjah | mangsa dadiya gêsange | titahing Hyang dèn-ketung | janjining Hyang tan owah gingsir | pan wus kocap ing Iman | angandêl ing untung | balik yèn asih ing tuwan | angulati rewange kawêlasasih | amênêdi ngastana ||

11. Samantara Hyang Aruna mijil | wong nglalawat pan wus akèh prapta | sakathahe wong sanake | lanang wadon wus rawuh | Anggungrimang kantu kapati | Monthèl karya kaluwat | lawan Ki Piturun | kalawan Ki Martaduta | Ki Saloka Salodha Ki Palakarti | kalawan Ki Prakosa ||

--- 11 : 52 ---

12. AmangragaAmongraga. ika kang ginupit | kuwasanira Hyang Maha Mulya | wikan yèn mati sanake | mapan tan tulus kakum | amêng-amêng anèng jaladri | pan wus angsal nugraha | linabuh tumimbul | pan sampun angraga suksma | tan asuwe anyipta sakêdhap prapti | dhêkah ing Wanataka ||

13. Kang layon mapan dèrèng dèn-dusi | sapraptanira Sèh Amongraga | sami gita kang wong akèh | mangkya sarawuhipun | Amongraga ika ngastuti | sarêkangat asalam | katiga awungu | mapan tan jatining pêjah | sami kantu cinandhakakên ningali | ngambil trêsna kewala ||

14. Salilirira Ni Selabranti | tumingal yèn kakungira prapta | gathuk rinangkul padane | nulya anglukar gêlung | padanira ingusap wèni | trêsnanira kalintang | Amongraga iku | wikan yèn paranning trêsna | paningale tan kandhêg ing johar jisim | amor ing tatakrama ||

15. Mangunarsa lan Ni Rangcangkapti | nora wikan yèn sanake prapta | pangling tinilar duk lare | Selabranta amuwus | Mangunarsa riningsun yayi | puniku sanakira | arine rinangkul | parêng anungkêmi pada | pangidhêpe lir panggagaping wong ngimpi | kang mulat kawismayan ||

16. Anggungrimang kantu wus ngalilir | satingalira wus sami gêsang | lir kapracayan idhêpe | sêmuning Hyang kadulu | Ni Cênthini bungah kêpati | gustinira agêsang | Amongraga rawuh | mila sakèhe tumingal | lanang wadon sadaya pan sami prapti | myarsa kang wau prapta ||

17. Sèh Amongraga sampun winangsit | pan kakênan rêke suka-suka | pan wus sukma raragane | eloke Hyang kadulu | Amongraga sira ngecani | amor ing tatakrama | Amongraga iku | banggi sêmu ing kawasa | waliyollah ingikêt dadi palupi | sasêmonnya kewala ||

18. Amongraga wuwusê mlasasih | Tambangraras sira woding nala | alawas sun-tilar mangke | Mangunarsa riningsun | sira ngakên mring ingsun yayi | miwah Ki Anggungrimang | tansah marang ingsun | ingsun tan lyan saking sira | anon-tinon marmane

--- 11 : 53 ---

tanpa ningali | kalingan ing paningal ||

19. Apa rinasan kang wus kawuri | balik anyatitèkna ing lampah | aja angroro tingale | jatine kapir iku | wong aduwe tingal kakalih | iku sira dèn-yitna | ewuhing tumuwuh | Santri Monthèl tanpa ngucap | ing wuwuse piniyarsa ngêmu-wadi | kasmaran ing tyasira ||

649. Asmaradana

1. Nahên ta Ni Selabranti | sarawuhira kang raka | saya wuwuh biraine | miwah Ki Sèh Mangunarsa | tulusa mangun êtal | ngandika sang Amongluhung | mring garwa Ni Selabranta ||

2. Kalamun sambada yayi | kalawan ing karsanira | Ni Cênthini apadene | datan salayèng cipta |Kurang satu suku kata: datan salaya ing cipta. tulus dènnya suwita | prayogane iku dhaup | lan si Monthèl santriningwang ||

3. Mèsêm matur Selabranti | ulun pan sumanggèng kasakarsa. | ing paduka pitêdahe | nulya nolèh maring wuntat | Cênthini anggrana |Kurang satu suku kata: Cênthini anggarana. manêmbah ris dènnya matur | pukulun badan kawula ||

4. Muhung sumarah ing kapti | sakarsa paduka amba | amung sadarmi (n)dhêdhèrèk | suka myarsa Sèh Mongraga | aris dènnya ngandika | mring ari Mangunarsèku | kinèn nuli (n)dhaupêna ||

5. KoKi. Monthèl lawan Cênthini | sandika ing aturrira | datan kawarna enjange | wau ta Sèh Mangunarsa | ngumpulkên sakèhira | para santri jroning dhukuh | naksèni ing dhaupira ||

6. Ki Monthèl lawan Cênthini | wali sabdane Mongraga | Anggungrimang pangulune | paragat paningkahira | mulya sami bojana | kêndhuri kêmbul anutug | warata sakèhing jaman ||janma.

7. Sèh Mongraga ngandika ris | mring ari Sèh Mangunarsa | yayi ing mêngko karsèngong | arsa singlar sing sasana | karyakêna asrama | sun pilih nèng Jurang Jangkung | madyèng Pulo Palanggatan ||

--- 11 : 54 ---

8. Kang rayi sandika nuli | amamatah para warga | kinèn mangun asramane | ing raka nèng Palanggatan | kudurankèdêran. sakèh janma | patapanira wus rampung | tri ari anambut karya ||

9. Asri tinaman ngubêngi | kinalang ing tirtamaya | kang guwa guwa apèrèng | rinêsikan sela seta | sumilak ngilak-ilak | sulaking carana pingul | anrangi wêngkaning jurang ||

10. Wau Sèh Mongraga nuli | lan garwa Ni Selabrangta | tumêdhak mring ngasramane | amanungku pudyabrata | angikis ing sopana | tan lama praptaning wahyu | nugrahaning Selabrangta ||

11. Wus nunggal kaanan jati | lan raka Sèh Amongraga | lènyêp saking ing jisime | kawasa sarira sukma | datan wadhag lir janma | kawasa mahas ngasamun | mupit nèng alam sopana ||

12. Saciptanira sang kalih | kang jurang salin kaanan | kadya pura sri rarase | pilih janma kang uninga | lamun tan lin katarima |Lebih satu suku kata: lamun tan lin katrima. wikan dening sang Mongluhung | Sèh Mangunarsa wus wikan ||

13. Kalamun raka kakalih | wus purna kaananira | mulya nèng pasênêdane | kêlamun papanggihana | nèng sêndhang Kalampeyan | yèku pasimparanipun | Mangunarsa Anggungrimang ||

14. Kalamun arsa papanggih | lan kang raka sakaliyan | nênggih samangsa-mangsane | ihtikat sawataranya | sambada apapanggya | kalawan sang Amongluhung | tan ana sangsayanira ||

15. Sigêg carita kang sami | wus suka panggih lan kadang | nênggih Sèh Mangunarsane | Anggungrimang Rancangkaptya | tulus dènnya ngasrama | wontên gantiya winuwus | kang kari ing Wanamarta ||

16. Langkung dènnya sêdhih kingkin | kala tinilar kang putra | dèn-waos mangke layange | datan ana kang sinêdya | trêsna ing kakungira | dadya mangke branta wuyung | Malarsih Bayi Panurta ||

17. Kalangkung sangêt prihatin | sasampune maca surat | ingkang putra lanang loro | ingkang kinèn ngulatana | nanging datan kapanggya | aran Jayasmara iku | kalawan Ki Jayèngraga ||

--- 11 : 55 ---

18. Warnanya apêkik-pêkik | Ki Jayasmara kang tuwa | Ki Jayèngraga kang anèm | agêng sami warnanira | nanging rada manthèlang | MularsihMalarsih. mangkya winuwus | sapanglilire anendra ||

19. Angungun dènnira ngimpi | ingkang putra katon prapta | kadi sabên ing polahe | tansah kaciptèng wardaya | tan lipur manahira | saya wuwuh brantanipun | pan angur aja katonna ||

20. Anglilir lajêng anangis | sarêng wanci bêdhug tiga | Bayi Panurta tatakon | apa margane karuna | lah yayi popoyanna | apa kang katon ing dalu | mundur sira kaya bocah ||

21. Marmanira sru anangis | Ni Malarsih lon angucap | tinuturkên supênane | sarwi anangis alara | wuwuse pêgat-pêgat | putra(n)dika wau dalu | katingal prapta alênggah ||

22. Lan lakine sarêng prapti | têka mêngkul padaningwang | anèng saka pat prênahe | alinggih wong loro jajar | kadi kinare anyar | pan anyandhang kampuh gadhung | asumping jabung payudan ||

23. Dèn-sawung lawan tri kalih | apamêlar layang seta | dupi sun wungu karaos | malah gagat tabuh tiga | maksih kaciptèng nala | tan amemba wong aturu | dening katingal sawêca ||

24. Sun lipur-lipur tan mari | kaya-kaya sumandhingeGuru lagu seharusnya: 8a, kaya-kaya sumandhinga. | ing panyiptaningsun mangke | anglêg têbah-têbah jaja | Tambangraras prapta-a | akathah punaginingsun | yèn prapta-a putraningwang ||

25. Ni Malarsih lara nangis | Panurta awas tumingal | dèn-pituturi rabine | lah yayi aja karuna | dèn-asuka ing titah | lah apa kêna ta bau | baya ta wus takdiring Hyang ||

26. Akèngkènan ingsun yayi | titiyangira wus mangkat | ing nguni ika lampahe | pan tumut ing bot layaran | anakira wus prapta | ing Nungsa Jawa dèn-ruruh | anusup sakèh banjaran ||

27. Ni Malarsih tan kêna ngling | mênêng angusapi waspa | myarsa wuwuse kakunge | saking kabyatan ing trêsna | mèh kèpyan ing wawarta | dadya manahe dèn-samur | minggah maring pagulingan ||

--- 11 : 56 ---

28. Kêsaru Nyai Sumbaling | amancêngah apopoyan | tutur-tutur angatèprès | ing malêm Saptu kawula | asupêna agamblang | katon Ni Cênthini rawuh | lawan Nikèn Selabranta ||

29. Ki Panurta anabda ris | Ni Sumbaling lah ucapna | impènira wahanane | paran ta karêpe ika | Ni Sumbaling angucap | tan wikan kula puniku | Ki Panurta aris mojar ||

30. Ni mantu lakinirèki | lah enggal sira undanga | nora angrungu wartane | yèn sêdhih prihatin padha | lah dèn-pituturana | iya iku karsaningsun | salah tunggal dèn-turuta ||

31. Wadon Turida agipih | mangkat ngundang lakinira | sapraptanirèng wismane | lakinira ta alênggah | nèng panti sarwi maca | kagyat Ki Jayasmarèku | uning yèn rabine prapta ||

32. Sarwi dèn-awe agipih | sira Ni wadon Turida | nanging atambuh praptane | gya cinandhak astanira | sarya ingaras-aras | têka ing ngêndi wong ayu | mèsêm Ni wadon Turida ||

33. Sang kakung ngaras anêpi | dhuh gustine Jayasmara | durung wanèh ingsun anggèr | kakang ta lampah-kawula | dinuta gagancangan | andika ngaturan wau | pun ibu tansah karuna ||

34. Kagyat Ki Jayasmarèki | myarsa ture rabinira | nulya anyandhak sêbene | wus dhêsthar agya lumampah | tan winarna lampahnya | sarawuhira alungguh | Turida tansah tut-wuntat ||

35. Sarawuhira tinari | Jayasmara baya bisa | mangke anarbuka impèn | Jayasmara lon turira | mangsa boronga tuwan | Ki Panurta alon muwus | sudarmanira supêna ||

36. Kakangira katon prapti | kadya ta kinare anyar | pan katon gadhung kampuhe | asumping jabung payudan | apatah layang seta | Ki Jayèngrêsmi tumungkul | mênêng wêkasan angucap ||

37. Amba umatur Kiyai | inggih manawi sêmbada | adhuh rama aturingong | jala manah kang katingal | dene kang basa aprang | amarangi bangun wiku | dene kampuh gadhung ika ||

38. Pratandha yèn maksih urip | punika pamirsaningwang | Ni Malarsih ngrangkul age | mring kang putra Jayasmara | lah nyawa ulatana | kadangira dèn-katêmu | nuli sira lumampaha ||

--- 11 : 57 ---

39. Arinira jakên aglis | Jayasmara aturira | lêhêng lumampaha dhewe | lara pati ngong lumampah | nora angajak-ajak | kawus kula duk rumuhun | angajak Ki Jayèngraga ||

40. Kapok kawula rumiyin | anjajah kiduling wana | sakathahe rare brêtèh | ing Wajak kang sun dunungnya | nèng Kalangbrèt alama | miwah nèng Lêmbuastèku | nèng Wêngkêr sun durung pisan ||

41. Malarsih amuwus aris | adhimu gawanên uga | lowung dadiya rewange | wawarahana prakara | Santri Luci mentara | undangên ta anakingsun | Santri Luci gya lumampah ||

42. Sadhatênge wismanèki | Jayèngraga nulya dandan | akampuh jingga sakalor | akris alandhèyan cula | asumping anggrèk wulan | sêdhêng remanya ambakung | kukuning nyonyo kalêmbak ||

43. Akuluk kaleja sigit | lir wong nopèng tandangira | Nikèn Raras mèsêmnya lon | kang raka tansah dèn-wangwang | sapraptanira wisma | agya dènnira alungguh | Jayasmara nulya ngucap ||

44. Manira kinèngkèn yayi | mring rama kinèn wangsula | Jayèngraga lon dêlinge | sampun age amuliha | karya dèrèng kantênan | Jayasmara mèsêm muwus | inggih alêrês riningwang ||

45. Panurta mèsêm jro ngati | yèn putranya ujung tingal | sarya gumuyu wong akèh | Ni Malarsih tumut latah | wikan sasmitanira | apa ta rêbutan sêmu | (ng)graita Ki Jayèngraga ||

46. Si kakang sun-duga ngati | baya iku awèh warta | iya katura guyune | sadangunira mangkana | kasurupan Hyang Arka | sadaya pan sami mantuk | Jayèngraga Jayasmara ||

47. Sawusira bubar mulih | sapraptanira ing wisma | Turida maras manahe | dènnira arsa tinilar | anangis amlasarsa | pan angrontog-ngrontog gêlung | Jayasmara lon angucap ||

48. Wong ayu aywa anangis | aja sira akaruna | idhêpên ujarku anggèr | ingsun arsa anglalana | aja sira karuna | alangna brangtanirèku | sira sun-tinggal sadhela ||

--- 11 : 58 ---

49. Gya lumampah wong kakalih | tan ambêkta panakawan | datan kawarna lampahe | Jayèngraga Jayasmara | (m)bêkta mangsi lan kalam | tan winarna lampahipun | arsa angalaya desa ||

50. Lampahira mandhêg nolih | randhat dening wong jajawat | Jayasmara wacana lon | maring ari Jayèngraga | ywa wuruk sudi karya | dèn-lulus padha lumaku | dipun-wruh paranning tingal ||

51. Dèn-kadulu kang akardi | dèn-wruh saparanning tingal | tan ngulati paningal wong | kabèh pan dadi paèsan | apan paningalira | Pangerannira kang (n)dulu | kang amurba amisesa ||

52. Ingkang ingaranan Dalil | pan iku dadining jagad | iku uga pacihnane | kabisane Hyang Kang Mulya | aran madêlul ika | kang (n)dadèkkên jagad iku | jagad karan Dalil ngakal ||

53. Dening Dalil kang kakiki | sabdaning Hyang kang kasurat | ing daluwang mangsi mangke | de kang aran Dalil ngakal | aran madêlul ika | yèn amaido akupur | iku yayi dèn-waspada ||

54. Ya madêkul iku yayi | sabdaning Hyang datan ana | ing daluwang mangsi kabèh | lawan ora bangsa swara | kang aran bangsa swara | lawan basa Dalil iku | kawruh tan lawan paningal ||

55. Sabdaning Hyang kang sajati | ingkang nora basa swara | dèn-eling jroning kalbune | Jayèngraga tan angucap | tumungkul amlasarsa | alon dènnira umatur | kakang manira anêdha ||

56. Kakang kula amiyarsi | sisane Ki Sèk Sarajak | nênggih puniku karsane | Dalil sajatine ika | saliring kawisesa | yata kang pundi puniku | Nabi Rasul kang Mustapa ||

57. Yèn mangkana têgêsnèki | kêlire dèn-dalih wayang | mapan iku kandhêg bae | anèng basa tataktrama | iku dèn-awasêna | basa tatakrama iku | minangka dhasaring gêsang ||

58. Alon dènnira lumaris | wong loro aduduluran | lampahe liwat ing ngare | nêrak pèrèng jurang-jurang | yata Ki Jayèngraga | samarga-marga dèn-wuruk | ing ngèlmu lan tatakrama ||

--- 11 : 59 ---

59. Kang lagya andon lumaris | kalangên têpining marga | praptangganira alorod | asurêm pêtêng kalintang | umèp parang apanas | gêrah munya cala asru | gumuruh pêksi wurahan ||

60. Anglangut turuting margi | hèr tambang tumibèng jurang | toya anjog gumarènjèng | pring pêtung adhadhapuran | katêmpuh ing prahara | swaranya kathah karungu | lir angandhêg kang lalampah ||

61. Gya mandhêg dènnya lumaris | araryan sasoring soka | ingauban tiyang roro | Jayèngraga aris mojar | kakang pundi sinêdya | ing lampah pundi dinunung | sampun anggung wirandhungan ||

62. Jayasmara ngandika ris | ana wong sanak-manira | atatapa ing wartane | anggung manêpi kewala | aran Sèh Malangkarsa | kanthinira duk karuhun | angaji myang angumbara ||

63. Kalintang sihingsun yayi | marang Ki Sèh Malangkarsa | nênggih Pacira wismane | ing mangke taksih tatapa | yayi manira myarsa | mangke wartane pinunjul | kakang suwawi pinaran ||

64. Atêbih têka ing ngriki | alampahan tigang dina | ing Ngardipala dhukuhe | Ki Jayèngraga angucap | lah nêdha pinaranan | nulya lumampah mangidul | anjog mêdal ing pagagan ||

65. Sumêngka lampahirèki | gya sirêp kang diwangkara | anjujug panginêpane | awasta ing Sindurêja | wismane langkung endah | asri tatanduranipun | andong bang lan sumayana ||

66. Dinulu asri arêsik | kayu mas lawan kasimba | parijathanira jèjèr | ing tirahnya pacar tirta | Ki Jayasmara ngucap | baya wibawa kalangkung | de dhukuhe langkung pelag ||

67. Gya laju dènnya lumaris | araryan ing padhukuhan | wong roro lungguh ajèjèr | sarwi alèndhèyan saka | èsmuning wong kangèlan | kang ngamanca randha ayu | awasta Randha Tilarsa ||

68. Anyar tinilar ing laki | sira Ni Randha Tilarsa | langkung ing palimarmane | randha nom sugih kalintang | kakalih anakira | sami èstri ayu-ayu | sêdhêng wus sami diwasa ||

69. Kang anom wasta Warsiki | ingkang sêpuh Ni Sumarsa | sami ayune kinaot | wontên malih wong atuwa | awasta Ni Pucangan |

--- 11 : 60 ---

angore rema gya mêtu | lampahe sarwi pinjungan ||

70. Sarêng dumugi ing jawi | Ni Pucangan asru (n)jola | uninga tamu kinaot | gya wangsul gumuyu latah | sarwi agita-gita | yèn wontên têtamu rawuh | kakalih ayu utama ||

71. Ni Randha Tilarsa gipih | angungak tamu kang prapta | dangu ngintip-intip bae | nyandhak wastra nèng sampiran | sarwi nyangking pawohan | manggihi kang lagya rawuh | Jayèngrêsmi lan arinya ||

72. Randha Tilarsa nabda ris | gumèndhèng rênyah swaranya | rumakêt anak basane | anak pundi wismanira | lan punapa sinêdya | dingarèn sira nak bagus | dhumatêng ing dhukuh-ingwang ||

73. Jayèngrêsmi muwus aris | bibi ingkang kula sêdya | atêbih watawis-ingong | wasta dhêkah Ngardipala | dene wisma-kawula | padesa Wanarmartèku | wong papa kawêlasarsa ||

74. Ni Randha mandêng ing liring | èsmu kagiwang ing nala | wong iki abagus karo | angling alon Ni Tilarsa | anak kang wontên wuntat | sintên wastane puniku | Ki Jayasmara angucap ||

75. Sadulur-kula puniki | nênggih rewang kawlasarsa | Ni Randha angrês manahe | anguwuh rare nèng (n)jaba | iki ana dhatêngan | sira susuguha gupuh | saduwèke wong ngarandha ||

76. Anakira pan kakalih | èstri dèn undang mring ngarsa | (m)bok rara mreneya age | ingsun iki katamuwan | kabèh sun aku anak | kabèhe wus padha adus | sungana borèh lan lisah ||

77. Yata Ni wadon Warsiki | lan kang raka Ni Sumarsa | alêsu merang ing tyase | de kinèn amanggihana | gya dandan Ni Sumarsa | lan Ni Warsiki rinipun | mring (n)jawi angambil sêkar ||

78. Asinjang seta mantêsi | kasêmêkanira limar | awida jênar kalihe | sêngkang bapang tuhu pêlag | sumping jabung payudan | apapaès tuhu luhung | anglir puputrèn ing wayang ||

79. Ni Warsiki animbangi | limar pathi sinjangira | dèn-papantês tênagane | kasêmêkan lubèng endah | asumping aggrèk-wulananggrèk. | wus papaès kalihipun | sami acanggèh ing priya ||

--- 11 : 61 ---

80. Nulya mêdal anèng (n)jawi | kakangira anèng ngarsa | lir citra lampahira lon | Jayèngraga mangkya mulat | pyuh lupa sariranya | Ni Sumarsa sigra lungguh | tumungkul lan ari jajar ||

81. Ni Randha amuwus aris | marang tamu Jayèngraga | punika arinira (ng)gèr | lintang dening jugulira | iya aran wong desa | nanging kèh kang nglamar iku | sawiji tan na tinampan ||

82. Sapa baya kang dèn-anti | dhasar wus padha diwasa | tan wrin karsanipun anggèr | alon mèsêm Jayèngraga | sêdhêng yèn akrama-a | yèn èstri sêkar pamèku | yèn kasèp lir ronning kamal ||

650. Sinom

1. Kasusu surup Hyang Arka | wau dènnira martami | gya cumawis kang dhadharan | rampadan atutup saji | sadaya wus sumaji | Ni Randha alon amuwus | lah padha dhadharana | anakingsun karo sami | lah dharane yèku suguhe wong randha ||

2. Ni Warsiki Ni Sumarsa | wong kalih anglaladèni | nèng ngarsa sami asila | Warsiki anata sami | pawohanira asri | cahyanya sami aluru | kasorotan ing pandam | wadana anawang sasi | sarwi ngrêmbug pupure alêlamatan ||

3. Ki Jayasmara punika | tansah amandêng ing liring | tansah amaca Takipar§ Prayoginipun / Istigpar /. | tan angsal pamangannèki | yata Rara Warsiki | akampuh jingga-mangsèku | asêngkang natabrata | sarta patra sumpingnèki | Ni Warsiki tuhu yèn sampun apêlag ||

4. Warsiki lan Jayèngraga | gênti mandêng gênti nolih | dene ta Ki Jayasmara | nrima pinandêng liring |Kurang satu suku kata: nrima pinandêng ing liring. Jayèngraga udani | yèn pinandêng kakangipun | sêlor ulate biyas | tumungkul tan bisa nolih | Jayèngraga sêmune rêmên kalintang ||

5. Ni Sumarsa wus uninga | yèn arine Ni Warsiki | kènyut mring Ki Jayèngraga | lumêbêt ing wisma aglis | yata wadon Warsiki |

--- 11 : 62 ---

api lara nibèng kasur | angucap Ni Sumarsa | lara apa ta sirèki | ingsun duga laramu lara kasmaran ||

6. Wus wisan dènnira dhahar | ambêng wus linorod sami | Ni Randha aris angucap | kabèh anakingsun sami | wartanana wak-mami | (ng)gonnira andon anglangut | ingsun pituturana | sumaur Ki Jayèngrêsmi | sampun lama (ng)gèn-kawula anglalana ||

7. Ngulati sanak-kawula | warnane ayu linuwih | ical saking pagulingan | lungane kala ing wêngi | kang bibi tan udani | wong sawiji rowangipun | sampun kawula parah | kèh nagari tan pinanggih | miwah dhusun-dhusun tan ana kampiran ||

8. Gêtun awlasnya Ni Randha | myarsa tutur mangkonèki | lah ta padha sareyana | sakêdhap tangiya malih | sarwi nêrbanga aglis | arêmên ingsun andulu | duk urip ramanira | arêmên nêrbang kêpati | lah ta Rara Sumarsa amèta têrbang ||

9. Mentar Ni Rara Sumarsa | angambil tarêbang sami | sira Ni wadon Sumarsa | lan arine si Warsiki | sampunnira angambil | sapraptane ngarsanipun | sira Ki Jayèngraga | anjawil ing rakanèki | lah suwawi kakang sami anarêbang ||

10. Suwawi kula anêrbang | andika ingkang nyingiri | lamun jêngandika nêrbang | kula cêluk-cêluk ugi | punapa patutnèki | Ni Randha asru gumuyu | alon dènnira ngucap | lah suwawi kang abêcik | Ni Sumarsa Warsiki umanggung tingal ||

11. Randha Tilarsa angucap | adhinira iku dhingin | yèn ramanira anrêbang | karone tansah sumandhing | kala kina rumiyin | ingsun adarbe tatamu | santri bagus utama | arêbut wicara ngèlmi | Jayasmara angucap apa rinêbat ||

12. Ni Tilarsa lon angucap | tinutur karsanirèki | lah nyawa ta lêrêsana | wajib tiga dan-rasani | wajibing Allah ugi | lan Rasullolah puniku | wajibing mukmin ika | kalawan mokale singgih | ing Pangeran lan wênange iku pisan ||

13. Pangucape ramanira | wajibing Hyang Sukma luwih | langgêng anane tan owah | Dat Sipat têtêp tan gingsir | Allah Tangala

--- 11 : 63 ---

wajib | mokale rusak lan lampus | padha lan nak-anakan | apan mokale Hyang Widdhi | de Pangeran wênange purba wasesa ||

14. Ki Jayasmara angucap | punika punapa yêkti | angling malih Ni Tilarsa | punika pan wontên malih | Ki Santri jawabnèki | pan mêkatên jawabipun | lah bapa wajibing Hyang | andakèkkênandadèkkên. jagadnèki | mokal wurung lêstari dadeyan jagad ||

15. Sumaur Ki Jayasmara | bibi yèn makatên nênggih | yèn aran wênang punika | winastanan iku wajib | idhêpe tanpa kardi | miyarsa datanpa tutur | dadya idhêpe salah | Jayèngraga nambung aris | inggih kakang kathah rêke wong mangkana ||

16. Dèn-ran jimmi pangawikan | karana kathah kang sisip | kawruhe ataha-taha | pan ora kalawan Dalil | puniku luput ugi | ing panyipta-ciptanipun | wong mindha amrih siswa | ing jaman mangke tan dadi | pan ginuyu rêke kang para ngulama ||

17. Ni Tilarsa mangkya ngucap | pun bibi (n)dika-wuruki | aywa amiyarsakêna | ing ngèlmunira kang singgih | dhingin pun bibi myarsi | pan makotên asalipun | nênggih mokal punika | wênange tan kadipundi | lah punika bapa ing Rasul ucapna ||

18. Lah wajibing mukmin ika | mokale lan wênangnèki | angling alon Jayèngraga | wajibing Rasul anênggih | martakkên warta jati | mokal linyoke puniku | kang ingaran utusan | lan kêna ing was-was ugi | ing wênange urip wênang mati wênang ||

19. Wajibing mukmin punika | angèstokkên warta dutèki |Lebih satu suku kata: ngèstokkên warta dutèki. têka ing lair batinnya | parlu jênênge puniki | lampahnya dèn-nastiti | aja salah ing pangawruh | dene mukmin punika | mokale yèn amurbèki | ing wênange wênang rusak wênang pêjah ||

20. Ni Tilarsa malih ngucap | ing kina tamuwan èstri | awasta Ni (m)bok Rubiyah | mangkene pangucapnèki | lamun ana wong angling | atatanya ing sirèku | apa ta sira Islam | paran aturipun ugi | umatura Insa Allah iku Sêlam ||

21. Ki Jayasmara angucap | pamirsa kawula bibi | ingkang ingaranan Islam | ujar uniku asisip | panggawe tan lêstari | lir wong asêmayan iku | iku pralambinira | kukum sulam nora dadi | sayêktine kukume dinèkèk tampah ||

--- 11 : 64 ---

22. Sayêkti kalampahana | yèn narima ningkah bibi | kewan binêlèh pamanya | ing tindak anut pakarti | tan wênang êsak-sêrik | (ng)gih puniku bênêripun | ngucapa salah Sêlam | yêkti kukum dèn-lampahi | (ng)gih puniku dadose tan wênang êsak ||

23. Kang salah iku ing ngarsa | ing wuri Sêlame ugi | tan wikan amusthi polah | Ni Randha amuwus aris | galap gampil nak-mami | yèn wontêna lêpatipun | dahat kapiutangan | marang anakingsun kalih | Jayasmara sinung bantal kinèn nendra ||

24. Yata Ni Warsiki ika | dangu datan antuk guling | ingkang kacipta ing nala | amung ta Ki Jayèngragi | katon sasolahnèki | datan kêna sinalamur | tansah wayang-wuyungan | sira Ni Rara Warsiki | yèn tan panggih bayèngsun angur matiya ||

25. Sirêping wong padha nendra | Jayèngraga pinarpêki | têka linggih sandhingira | sarta awacana aris | Jayèngraga wong sigid | usadanana katèngsun | sasat nguripi pêjah | andika dèn-tulusasih | asru kagèt Jayèngraga pinarpêkan ||

26. Angucap ing jro nalanya | lah dalah ana bilai | iki ta ana rêncana | mingsêr-mingsêr ênggonèki | kaya paran sun iki | mendah yèn kakang awêruh | kaya pa polahingwang | mandah dukane mring mami | puluh-puluh lah ta ingsun kapakêna ||

27. Ki Jayèngraga angucap | lah muliha mirah-mami | tanpa ngrasa sira mirah | anèng kene apa kardi | Ni Warsiki nyêkêli | asta gya dènnya tumurun | yata Ki Jayèngraga nurut |Lebih dua suku kata: yata Ki Jayèngraga. nurut mring wadon Warsiki | lampahira tansah akêkanthèn asta ||

28. Sapraptanira ing wisma | sira Ni wadon Warsiki | rinangkul ingaras-aras | sapraptaning tilam-sari | sarwi dèn-arih-arih | lah sareya mirahingsun | sawusira anendra | sira Ni wadon Warsiki | gya ingapit guguling tinilar kesah ||

29. Mangkana Ki Jayasmara | kang kacipta jroning galih | sira Ni wadon Sumarsa | tansah supêna apanggih | angimpi pulangrêsmi | sakalangkung apulang hyun | Jayasmara kacaryan | panggihe jro supênèki | ngucap ing tyas impèn apa kang mangkana ||

--- 11 : 65 ---

30. Ni Sumarsa pan mangkana | supênane duk ing ratri | katingal apulang-raras | kalawan Ki Jayèngrêsmi | datan mantra yèn ngimpi | kapanggih apulang-lulut | sanglilire anendra | (n)jênggèlèk anulya linggih | dangu dènnya angangên-angên supêna ||

31. Ki Jayasmara punika | sanglilirira gya linggih | angucap sajroning nala | sun kêna cobaning Widdhi | angrasa yèn bilai | anutuh saliranipun | anggung maca Istipar | ananêdha Sukmajati | lah ta Tuwan amba anêdha ngapura ||

32. Wayahira mèh raina | Jayasmara Jayèngragi | ngambil toya arsa salat | a-Subuh tiyang kêkalih | munggah padha ngastuti | wus bakda samya tumurun | karsane Jayasmara | wus bakda arsa apamit | Nini Randha sakalangkung datan suka ||

33. Sang Hyang Diwangkara mêdal | sumilak asirat kuning | nulya pamit Jayèngraga | bibi wus kawula pamit | arsa nutugkên kapti | dhatêng ing Rêdipalèku | Ni Tilarsa angucap | sampun jêngandika mulih | kang sun-têdha wisma-a ing kene pisan ||

34. Malar sira Jayasmara | sudiya mring anak-mami | karo padha pilihana | dhudhukuha anèng ngriki | tan mangan sun-labuhi | mugi sudiya nakingsun | salah tunggal kewala | Ni Sumarsa lan Warsiki | nanging cacadipun wong desa tur papa ||

35. Ki Jayasmara lon ngucap | kula benjing mampir malih | yèn wus têkèng Ngardipala | punika yèn kontung ugi | prandene datan lami | Ni Tilarsa wuwusipun | anggèr mung wêkasingwang | poma sampun lami-lami | wus amanjing trêsnaningsun marang sira ||

36. Ni Tilarsa nulya (ng)gugah | mring Ni wadon Suwarsiki | lah wungu-a anakingwang | dingarèn nora anglilir | lah kakangira nini | arsa nutugakên laku | dhatêng ing Ngardipala | sira sangonana nini | nulya mêndhêt usap tangan nèng sampiran ||

37. Saptangan wilis kinarya | wadhah jambe suruh gambir | lawan tasbèhira marjan | lawan romalipun wilis | lan dhêstharira putih | Ni Tilarsa wacana rum | Sumarsa kakangira | sangonana lisah mandi | urab-santun lawan lisah jajêbadan ||

--- 11 : 66 ---

38. Ki Jayèngraga angucap | marang Ni wadon Warsiki | lah nini sira kariya | awirya-a anèng ngriki | sira lakiya nini | akrama-a ingkang bagus | ingsun arsa akesah | dhatêng Ardipala yayi | Ni Warsiki wingite asmu karuna ||

39. Wus amit Ki Jayasmara | lan arinira tut-wuri | dhatêng dhukuh Ardipala | alon lampahe lumaris | yata wau kang kari | Sumarsa lan arinipun | mapan sami karuna | kesahe tamune kalih | Jayasmara Jayèngraga gawe branta ||

40. Miwah Ni Randha Tilarsa | sakarine kontrang-kantring | samya lali ing pakaryan | pijêr ngungun samya branti | Nyai Randha trêsnèki | lah ta baya anakingsun | mangsa wandeya cêla | wus bêgjane anak-mami | wus pupusên nakingsun aja andhandhang ||

651. Dhandhanggula

1. Wontên sanake lanang sawiji | karsanira mangke winartanan | dhukun Rumbaka wastane | baya durung angrungu | ariningsun nênggih anêpi | anake kang awarta | yèn lunga mêdhukun | Ni Sakêti kang awarta | Ki Wahuda pan lagi agring kêpati | mangke nênggih wus waras ||

2. Ki Rumbaka ika lagi prapti | kaparêng kakange ika prapta | dèn-udhuni age-age | dèn-papag samya lungguh | Kang Tilarsa punapa kardi | amamarasi manah | mara gupuh-gupuh | sumaur Nikèn Tilarsa | dipun tutur polahe sarwi anangis | maring dhukun Rumbaka ||

3. Ki Rumbaka ariningsun kaki | anakira iya si Sumarsa | sungana tutulak mangke | kalih lan arinipun | anakira sadina wêngi | ragane kênèng guna | kalih padha wuyung | manira wingi tamuwan | wong amoyang awasta Ki Jayèngragi | lawan Ki Jayasmara ||

--- 11 : 67 ---

4. Ki Rumbaka ngucap èsmu runtik | Ni Tilarsa apa raganira | dènnira angrêksa rare | saking panyananingsun | Ni Warsiki sampun apanggih | lawan ta tamunira | Jayèngraga iku | angucap Randha Tilarsa | nora nyana manira sawiji-wiji | mèsêm Nikèn Usaha ||

5. Anging ta yayi Ki Jayèngrêsmi | lintangipun yayi apracaya | yèn sun-dulu ing laire | wikan sanyatanipun | yèn sun-dulu Ki Jayèngrêsmi | dudu wong sowoara | ragane wong luhung | mèsêm Ki dhukun Rumbaka | sampun ungkul kabisan dadya ling-aling | dènnya mrih pakandêlan ||

6. Mapan wontên salokaning singgih | kadi sang Baka tapa ing rawa | busana dadya lingane | akèh pandhita muhung | abisane ginawe mandi | dènnya amrih kandêla | poma aywa tungkul | walêr saking kang mangkana | Ni Tilarsa pangucape èsmu tangis | apa ta yèn mangkana ||

7. Wikan siya iki Jayèngragi | rare anom rada amalènthang | katarèng ulat basane | satingkahe asêmu | anakira wadon Warsiki | rewange adol tingal | Ki Rumbaka muwus | tan linyok ujar-manira | Ni Warsiki sêmune angatarani | rada wani wong lanang ||

8. Ki Rumbaka anake pawèstri | wastanipun Sukèli punika | wus ana papacangane | nanging tan pêgat wurung | Ki Rumbaka èsmu wawadi | karane dèn-lalawas | amrih wurungipun | anging angulati marga | Ki Tanurat sêmune tan dèn-karsani | karane dèn-lalawas ||

9. Ki Rumbaka rabine dèn sèngi | Ni Usada miyanga nganglawat | lawan Ni Sukèli mangke | lah miyanga karuhun | anakingsun babo Sukèli | lawadên kakangira | Ni Sumarsa angluh | nênggih kaya kêna guna | kakangira karo padha lara kingkin | padha lunga anglawat ||

10. Sapraptanira mangke ing jawi | Ni Sukèli aris dènnya tanya | uwa apa wiwitane | kakang Sumarsa wuyung | marmanipun atêmah agring | lah uwa popoyana | Ni Tilarsa muwus | ingsun wingi kadhayohan | wong amoyang awasta Ki Jayèngrêsmi | lawan Ki Jayèngragi ||

--- 11 : 68 ---

11. Ni Sukèli anukma ing galih | duduwa wingi kang liwat ika | kang akèh sêmang wirage | sadalu uni ketung | sapolah sawêngi kèpi |Kurang satu suku kata: sapolahe sawêngi kèpi. kang liwat wingi ika | sun-singgih andarung | wruha yèn mampir ing kana | sun-anginêp sawêngi anglêladèni | dimèn lênglêng katiga ||

12. Ni Sukèli anukma ing ati | nora mantra lan wong liwat ika | dèn-tandhing papacangane | karana sun-prih wurung | Ni Sukèli sêmu wiyadi | ingsun yèn pinêksa-a | dening ramaningsun | malaurmilaur. ingsun matiya | nora laki angur ingsun angêmasi | angur rara bêraha ||

13. Sampun prapta Ki Rumbaka linggih | Ni Sumarsa ika tiningalan | mèh suwung ilang sênênne | supênane ginugu | awasana atêmah agring | rarasing jro supêna | Ni Warsiki iku | polahe Ki Jayèngraga | kang dèn-gugu ing tilam kantu kêpati | marmane dadi edan ||

14. Saya anglês larane kêpati | Ni Warsiki lawan Ni Sumarsa | mèh lali toh jiwanggane | Ni Tilarsa andulu | ing anake anjrit kapati | dhuh nyawa anakingwang | ramanira rawuh | lah nyawa sasêgahana | Ni Warsiki tangise anjrit kapati | dhuh kakang-ingsun prapta ||

15. Tatanggane tiga sami prapti | lanang wadon samya anglalawat | kang tangis umyang arame | muwus malês anawus | lah ta parendeneparandene. nglih iki | andina nora sanja | ingsun ora ngrungu | angucap randha Tilarsa | lara mangke anakingwang lagi wingi | pangaluhe alara ||

16. Sampun kondhang Ki Dhukun puniki | sigra dènnira masang tutulak | gupuh dènnya muluk jambe | padianane sasêntul |Lebih satu suku kata: padinane sasêntul. dipun-puluk nora na kari | têkan suruhe pisan | warata sêgulung | ilat malêpuh sawaja | kalêtêngên angowèh niba ing siti | dèn-kêraha camêra ||

17. Ki Rumbaka rabine dèn-sèngi | Ni Usada lah yayi muliha | lumakuwa dipun-age | ambilên ladingingsun | Ki Wahuda asung wajani | Panurat waja ika | anèng Karangulu | kang ingutus nulya mentar | nulya prapta Panurat dipun-tanggapi | dening dhukun [dhu...]

--- 11 : 69 ---

[...kun] Rumbaka ||

18. Nulya ngambi§ Prayoginipun / ngambil /. pawohaning wanci | jambe anom wus tinulis rajah | lawan suruh têmu-rose | Ki dhukun karsanipun | Ki Rumbaka angèsthi puji | -ning Kala-gila munggah | ing suruh puniku | saranane Ni Sumarsa | wus sinêmbur kang agring kalih wus nglilir | maksih ngêmu asmara ||