Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Serie No. 1289

Babad Tanah Jawi

Jilid: 1

Nyariyosakên sajarah wiwit saking Nabi Adam dumugi para dewa, lajêng para ratu ing tanah Jawi wiwit saking Bathara Brama sarta Bathara Wisnu dumugi nagari Pajajaran tuwin madêgipun nagari Majapait.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm 1939

--- 1 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 1 : [3] ---

Bêbuka

Sêrat Babad Tanah Jawi punika kathah. Ingkang sampun kaêcap, kaumumakên wontên, ingkang dèrèng kaêcap utawi botên badhe kaêcap pintên-pintên, pinanggih wontên ing pasimpênanipun para sêpuh, ingkang angsalipun saking tilaranipun para lêluhur ingkang sampun botên wontên, sarta ingkang badhenipun kawarisakên dhatêng anak putu ingkang kantun. Dene para lêluhur anggènipun sami simpên Sêrat Babad Tanah Jawi wau, sakawit inggih saking nurun sêrat babad gadhahanipun sanès. Turunanipun gêntos katurun ingkang sami kapengin gadhah, lajêng katêdhak ing sanès, lumunta-lunta ngantos dados pintên-pintên kadosdene wontênipun samangke.

Mênggah sêdyanipun anggènipun sami nurun utawi nêdhak wau, sakawit inggih namung badhe kangge simpênan piyambak, kangge waosan piyambak utawi nyêngkanipun kangge waosanipun anak putu. Rèhning makatên, dados panêdhakipun inggih namung sasêkecanipun, manut kajêng utawi sênêngipun piyambak, manawi mrangguli ingkang kamanah lêpat, dipun lêrêsakên, manawi kamanah kirang, dipun wêwahi, [wêwah...]

--- 1 : [4] ---

[...i,] sapiturutipun. Mila inggih botên anggumunakên, dadosipun samangke Sêrat Babad Tanah Jawi wau inggih warni-warni sangêt. Ugêr wontên ingkang gadhah mèh kenging kaêjibakên tamtu beda kalihan gadhahanipun sanès. Angèl sangêt badhe anyumêrêpi utawi pados pundi ingkang taksih baku. Kangge anggampilakên pamilih wau, ingkang prayogi piyambak sasagêd-sagêd inggih pados ingkang sêpuh. Tata lairipun barang sêpuh punika dèrèng kathah ewahipun. Sasampunipun gadhah ancêr-ancêr pamilih ingkang sêpuh, manawi sagêd inggih lajêng madosi wontên ing papan dununging asalipun, inggih punika ing karaton Jawi. Awit Sêrat Babad Tanah Jawi punika dumadosipun tamtu wontên ing karaton. Sarèhning sami-sami karaton, karaton ing Surakarta punika ingkang sêpuh piyambak, mila pêthèkipun inggih ing ngriku punika dununging Sêrat Babad Tanah Jawi ingkang upaminipun sampun botên baku, inggih dèrèng kathah onyanipun saking ingkang baku.

Kalêrêsan, bibliotik ing Lèdhên ing nagari Walandi anggadhuh nyimpên sêrat wau, gadhahanipun pamarentah Walandi, pisungsung saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana VII, tur têdhakanipun sungging wontên ingkang sampun dumugi ing Ngayogyakarta, ing bibliotikipun Tuwan Dr. Th. Pigeaud.

--- 1 : [5] ---

Dening Bale Pustaka sêrat wau lajêng dipun panggih, ingkang lajêng kawêdalakên samangke punika.

Manawi katandhing kalihan sêrat babad sanèsipun, utawi Sêrat Babad Tanah Jawi ingkang sampun sumêbar, botên namung katingal bedanipun kemawon, nanging ugi katingal mênangipun sêpuh, sarta cara tiyangipun mangangge makatên mênang cancut, mênang singsêt, sarta mênang runtut. Ewadene sanajan sarwa singsêt, manawi sawêg nyariyosakên lêlampahan utawi kawontênan ingkang kamanah èdi tuwin pèni, tlêsih utawi andharipun inggih botên anguciwani.

Mila èsthining manah, Bale Pustaka anggènipun ngêdalakên Sêrat Babad Tanah Jawi punika kajawi niyat mêwahi waosan utawi sêsêrêpanipun bôngsa Jawi, ugi niyat mêmêtri tilaranipun pujôngga kina ingkang pantês dipun papêtri.

Mugi-mugi ancasipun Bale Pustaka ingkang samantên wau kasêmbadana.

Bale Pustaka

--- 1 : [6] ---

...

--- 1 : [7] ---

1. Sajarah Wiwit Nabi Adam Dumugi Para Dewa

1. Dhandhanggula

1. munggèng sarkara ring ukara nis | sasmita tan sumukèng pustaka | kang tyas rujit karêjête | lir antaka kawantu | mung wisesaning Hyang Kaèksi | kang nitah amêmatah | ing boga sawêgung | kang amurwa sipat purba | kang ambagi sagala isining bumi | nimpuna paripudya ||

2. kang asih mring rahsanya ngasihi | môngka manggala para dinuta | dipèng rat wuryaningrate | rêspati kang rinasul | warana ris nayakèng bumi | kunêng kawit kawangwang | wêwangson winangun | rawining rat nusa Jawa | kinarsakkên dinawa supaya dadi | manpangat winasiat ||

3. môngka pangèngêt amêmèngêti | wajib sajarah ing tanah Ngarab | tuhu ing Jawa tan pae | pamilanging lêluhur | pan ing nguni kalimôsadi | pustaka-pinustaka | ing karsa Sang Prabu | Pakubuwana kaping pat | pinrih aja parbatan wit carita di | aywa nanggung rêkasa ||

4. santosaa ri wardaya dening | muktamate carita punika | winangun lawan kususe | tinurut urutipun | malar dadya têpa palupi | ri kang karsa amarna | nênggih Jêng Sinuhun | Pakubuwana ping sapta | anglêluri anggitanggiting. ing rama narpati | pinrih sapangatira ||

5. tumêraha trus ing wuri-wuri | warananing murwèng kawiryawan | wahyaning wahyu wiyose |

--- 1 : 8 ---

mawantua rahayu | yuwanane dènya ngayomi | ring wadya sadayanya | kasub sabiyantu | aywa na sangsayanira | amanggiha suka arja sanagari | dening dana narendra ||

6. nihan nalika martèng palupi | Tumpak Wage ping gangsal ing Rajab | lumaksanèng taun Ehe | Sancaya môngsa catur | Môndhasia dèn sangkalani | dadi rasa sabdendraTaun 1764. Sabtu Wage 5 Rajab, Ehe, windu Sancaya, môngsa sêkawan, wuku Môndhasia 1764. | muga Hyang Kang Ruhur | marma martana nugraha | inistura ing rahmat Sang Murbèng Bumi | mring sang krêtartèng praja ||

7. purwaning wasita kang tiniti | sajarahing nata kina-kina | ing nusa Jawa babade | dhihin ingkang lêluhur | Nabi Adam putra Nabi Sis | Sis putra Hyang Nur Cahya | Nur Cahya sêsunu | anama Sang Hyang Nur Rasa | Hyang Nur Rasa pêputra Hyang Wêning nênggih | pêputra Sang Hyang Tunggal ||

8. Sang Hyang Tunggal Guru ya putrèki | Guru atmajanipun lêlima | Sang Hyang Sambo pambayune | Brama ingkang panggulu | Mahadewa panêngahnèki | Wisnu wuragilira | kang jumênêng ratu | jumênêng ing nuswa Jawa | iya iku têtimbanganing agami | Islam nagarèng Mêkah ||

9. pamêkase anama Dèwi Sri | Bathara Wisnu jumênêng nata | Prabu Sèt pilih sisihe | ana malih winuwus | ya nagara ing Gilingwêsi | ana jumênêng nata | ngaran Watugunung | samana ing nuswa Jawa | apan rinèh Prabu Sètmata kêkalih | samya digdayèng rana ||

10. enêngêna wau kang ginupit | kocapa Sang Hyang Pramoni Tunggal | ing Suralaya [Sura...]

--- 1 : 9 ---

[...laya] prajane | nênggih Bathara Guru | pan adarbe sêngkêran putri | ing Mêdhang yu utama | ri karsa Hyang Guru | ingunggahakên ing swarga | pan kinarya graha dening Hyang Pramoni | sira putri ing Mêdhang ||

11. nênggih kala samana narpati | Bathara Wisnu lagya pêpara | amanggih dyah kênya anèm | warnanya tuhu ayu | angluwihi èstri sabumi | jêjuluk Ni Mbok Mêdhang | sang nata kapencut | umulat ing ni mbok rara | dyah punika pinundhut kinarya rabi | mring sang sri naranata ||

12. ri salaminya sri narapati | umadêg nata ing madyapada | dèrèng umulat lamine | ing dyah kang lwir sang arum | tuhu ywan dewaning dyah lêwih | ayunya tanpa sama | irika Hyang Guru | dahat ri kang bramantyanya | mring atmaja ri kang nama Wisnu nênggih | dènya ngrisak sêngkêran ||

13. Hyang Narada sigra dèn timbali | Kakang Narada gya tumuruna | mring madyapada dèn age | timbalana Si Wisnu | lah maria jumênêng aji | ya ta Sang Hyang Narada | gya sira tumurun | ing rika mring madyapada | Prabu Wisnu apan ta sampun kapanggih | lawan Sang Hyang Narada ||

14. Sang Hyang Rêsi Narada sigra ngling | hèh Ki Wisnu praptèngong ing sira | dinuta ing sudarmane | ari Pramèsthi Guru | dahat runtik mring sira kaki | hèh Ki Wisnu ring mangkya | pan sira tinundhung | pinêcat karatonira | de Hyang Guru dosanya ya kumawani | ngrabasèng sêsêngkêran ||

15. ya kang nama Nini Mêdhangkaki | yeka sinêngkêr ing yayahira |

--- 1 : 10 ---

ing mangkya têmah derangge | dadya sira tinundhung | ri mangkya maria dadya ji | ya ta mênêng tan mojar | Sang Bathara Wisnu | myarsa runtiking kang yayah | agya kesah datanpa rewang pribadi | anusup ngayam alas ||

16. madyèng wana yeka na waringin | madulur pipit wohnya ngrampayak | ring sornya rêsik talane | ya Sang Bathara Wisnu | martapèng sasoring waringin | têkap lalu saking tyas | alungguh pitêkur | masidhakêp suku tunggal | saha matyani ring babahan sangèki | sêdya ya matya raga ||

17. ing rika Hyang Narada gya mulih | sigra dhatêng ing kayanganira | ing dalêm Suralayane | wus kapangguh Hyang Guru | Sang Rêsi Narada turnya ris | suta kita wus kesah | mring waringin pitu | lalu lara kawlas arsa | mangun tapa umunggwèng madyèng wanadri | dahat brôngta mangarang ||

2. Prabu Watugunung ing Gilingwêsi

2. Asmaradana

1. sigêgên datan winarni | Hyang Girinata ing swarga | ri kang gantya kawiraos | kang munggwing ing madyapada | wontên nata utama | kahananing madêg prabu | nama Sri Selaprawata ||

2. prajanya ring Gilingwêsi | Ratu Anyakrawatyèngrat | ing jagat pilih bobote | karananya mangkaneka | dening bandhu sadara | Maharaja Watugunung | rikwing manyakrèng buwana ||

3. yeka sadara narpati | wolu likur jalu padha | karana pilih bobote | ya Sang Sri Selaprawata |

--- 1 : 11 ---

kasub kaloka ring rat | jênêngira sang aprabu | kinatakutan prang muka ||

4. yeka praja Gilingwêsi | ring unya pan lagya rêngka | gara-gara kèh warnane | jalajat ywan praja rêngat | grahana surya wulan | ring ratri wintang kumutug | kilat thathit mawalikan ||

5. asalah mangsaning warsi | lindhu kêtug pracalita | gonjing jinjanging arga grèng | samudra ryaknya lumembak | jumêgur asauran | ingkang dadya purwanipun | gara-garaning nagara ||

6. dêning Prabu Selaardi | kênèng cobaning bathara | kawilêt kalimput ing rèh | lupa kalimput ing angga | kawêngan tar kawangwang | wêwanguning silarja yu | mung kayungyun ingkang garwa ||

7. tur ibunira pribadi | miluta pinurwèng tingkah | winêngku rangkah rinêngkoh | nêmpuh byat rèh kang watgata | Sang Prabu Selaarga | katambuhan gênging wibuh | ing Ibu Sang Prabu Sinta ||

8. saking katambêtan dening | tan wruh yèn ibu priyôngga | garwanira sang akatong | kang garwa dahat tan wikan | yèn lakine kang putra | saking lami pisahipun | dadya supe kalihira ||

9. satêmah kinarya swami | mila gêng kang gara-gara | èmêng tyasira sang katong | alênggah lawan kang garwa | pramèswari Sri Sinta | mangun mangunêng manungku | ngayêm-ayêm driyanira ||

10. sêsarean sri bupati | munggwing pangkon ingkang garwa | sarwi pinetan sang katong | mring garwa Sang Dèwi Sinta | dangu-dangu katingal | cirining sirah sang prabu | tiningalan [ti...]

--- 1 : 12 ---

[...ningalan] lamun buthak ||

11. kang garwa umatur aris | mring Raka Sri Selaarga | inggih punapa purwane | dene sirah tuwan buthak | sang nata angandika | sira tanya purwanipun | duk lagya ngong misih bocah ||

12. ambêlêr ingsun kapati | ingsun mular minta sêga | kasusu bae tyas ingong | tan kêna sinarèhêna | ibu ngong lagya adang | dadya sarêngên mring ingsun | grêgêtên andulu ringwang ||

13. dèn thuthuk enthong dhas mami | puwara atêmah buthak | dadya lara atiningong | lunga anglangut don paran | tan etang baya pêjah | ing mêngko wus olih ingsun | kanugrahaning jawata ||

14. bisa umadêg narpati | Basundari ibuningwang | Radèn Radite ran ingong | kang garwa duk amiyarsa | pangandikaning raka | kumêmbêng tyasira mangu | ngungun mangunêng ing nala ||

15. linalar-lalar liniling | lêng-lêng sangsaya kèlingan | yèn ing nguni atmajane | dèn thuthuk enthong gya lunga | winatara yèn buthak | garjita sajroning kalbu | tan samar yèn ingkang putra ||

16. têmah dadya jatukrami | wus pinasthi ing jawata | tan kêna gingsir salire | solah-tingkahing kawula | kapurba kawisesa | nanging wusana pinupus | sinandi rèh kasandeyan ||

17. sang rêtna matur sang aji | amba bêbana ing tuwan | mugi tulusa ing sihe | kang raka aris ngandika | apa kang sira têdha | sun têkani sira masku | pramèswari aturira ||

18. kang kula suwun sang aji | mugi

--- 1 : 13 ---

tuwan akramaa | wanodya kang lêwih kaot | lan aminta malih ingwang | ulun kinawayuhna | lawan sakwèhning para rum | apsari ing Suralaya ||

19. suka gumuyu narpati | ya Sang Sri Selaprawata | aringong kang ayu tan lèn | ya siratma jihwaningwangjiwaningwang. | tuhu ywan kèh artinya | têkap sire minta maru | ya ngong têkani karsanya ||

20. kita minta pra apsari | yeka praja Suralaya | ya agya ngong unggahane | sakwèh widadari swarga | sun turune sadaya | kaatura ring sang arum | dadyaa parêkanira ||

21. hèh karia sira yayi | ingong umijil ing jaba | amêpak wadya sakèhe | kalawan sêsanjatanya | ambêdhah Suralaya | sang aprabu gya umêtu | alunggwèng ing panangkilan ||

22. pêpak kang prawirèng jurit | muwah ri kang pra santana | asaos ngarsanirandhèr | namaning pra santananya | Tolu Gumbrêg Wariga | Warigagung lan Ki Julung | Sungsang lawan Ki Galungan ||

23. Ki Langkir Môndhasiyèki | Julungpujut lan Ki Pahang | Kuruwêlut Ki Marakèh | Tambir lan Ki Madhangkungan | Ki Maktal Wuye ika | Manail lan malihipun | Ki Prangbakat ingkang nama ||

24. Bala Wugu lan Ki Ringgit | Kulawu Dhukut namanya | Landêp anênggih garwane | Wukir Kurantil jangkêpnya | lingnya sri naranata | hèh sakwèh sêsanak ingsun | myang punggawèngong kabèhnya ||

25. apan ngong arsa nglurugi | ri kang praja Suralaya | ya ri kang dewa sakèhe | ywan tatan [tata...]

--- 1 : 14 ---

[...n] arsa nungkula | iya ring jênêng ingwang | ring Suralaya ngong gêmpur | muwah ring Paparewarna ||

26. gêgaman ing Gilingwêsi | lah agya sira pêpêka | myang pra pratiwa sakèhe | saha sanjatèng ayuda | dadyaa pangarsèng prang | ywan dewa tan arsa têluk | Suralaya unggahana ||

27. lah aywa kita kuwatir | ywan dewa muwah jawata | kapwa dhadhungên gulune | ngong karyane kêkêboan | mongsèka wèh citraka | saha punggawa tur manuk | ya sandika ring aturnya ||

28. gya pratiwèng Gilingwêsi | saha manêmbang tangara | gong bèri umyang swarane | ri kang têtêg lir butula | angrok pangriking kuda | bêndhe tinêmbang mangungkung | sumahab bala wahana ||

29. sakala pêpak kang baris | anglir giri kapawakan | busana bra ywan tinonton | lir panjrahing sarwa sêkar | dènya kèh lèn warnanya | kucêm ujwalèng sitangsu | kasonyan ujwalèng sara ||

30. ing pangriking turanggèsthi | karêngya lir arga bêlah | kriciking watang ya rame | mawor gadêbêging bala | lèn panguwuhing rowang | riking balakuswa grêgut | anglir mangrêpak ancala ||

31. ênêngakêna ring nguni | ya Sang Sri Selaprawata | arsa minggah sabalane | arsa ngrisak Suralaya | angayoni jawata | mangkana ri kang winuwus | nagara ing Suralaya ||

32. gara-garanya kèh prapti | prahara gêng pôncawara | kèh rêbah ri kêkaywane | kawah ran CôndrabinukaCôndradimuka (dan di tempat lain). | umyang ya mawalikan |

--- 1 : 15 ---

dhoyong kayu dewadaru | sangêt nyaring bayu-bajra ||

33. myang wot ran si ogal-agil | malang lwir arsa rubuha | lawang silasela. matangkêbe | bale ran samarcukundha | mangalih arsa rêbah | narakanya mbèr malêtuk | myang êndhut si blêgêdaba ||

34. jawata kapwa angili | muwah ri Paparewarna | ing karang kawidadarèn | iya ring jonggring salaka | gègère apuyêngan | jawata padha lumayu | mangungsyang Hyang Girinata ||

35. datatita linging nguni | kocapa Rêsi Narada | samana gègèr manahe | mulat ring gêng gara-gara | myang dewa apuyêngan | Hyang Narada gya lumayu | akarsa angrêmbagana ||

36. iya mring Sang Hyang Pramèsthi | ri kang pra dewa pêpêkan | ya umunggwèng ing ngarsane | Bathara Guru sineba | mring sang para juwatajawata. | yeka ri kang munggèng ngayun | Bathara Sambo Kuwera ||

37. Bathara Brama lan Sakri | Bayu lan Sang Mahadewa | Sang Hyang Narada dan linge | ari Guru paran baya | praja ing Suralaya | magêng gara-gara rawuh | ri salaminya ngong mulat ||

38. apan tan kadya ring mangkin | lah punapa kang amawa | Sang Hyang Guru mojar alon | hèh kakang lah wruhanira | apan ing madyapada | ya ana yogyaning ulun | arsa minggah Suralaya ||

39. prajane ing Gilingwêsi | ratu sêkti mahambara | Si Watugunung namane | ri kang apsari ring swarga | ya arsa dèn turuna | Hyang Narada dahat jêtung | sabdanya lok katiwasan ||

40. ywan Ratu

--- 1 : 16 ---

ing Gilingwêsi | yayi ing cipta manira | môngsaa nèk katandhinge | pra jawatèng Suralaya | lah parênga umara | mungsuh Risang Watugunung | kaya tatan ananôngga ||

41. lah ta ing mangkya ngong tari | sakèh Dewa Suralaya | myang para jawata kabèh | kang wadya maguta sapa | mara ring tandangnya ya | iya ring Sri Watugunung | jawata kabèh aturnya ||

42. sapala tatan awani | dewa jawata kabèhnya | anêmbadani yudane | mring Sang Sri Selaprawata | lingnya Rêsi Narada | lah kaya pawêkasipun | tan wandya ywan kasusahan ||

43. sayêktya tan wandya benjing | yèn kinarya kakêboan | mring manusa ya têmahe | Hyang Pramèsthi ya lingira | hèh ta Kakang Narada | ring mangkya kita ngong utus | tumurun nèng madyapada ||

44. mintaèng sraya kang sêkti | manusa ri kang kawawa | ring Watugunung jurite | ri atur Sang Hyang Narada | ywan ulun tumuruna | yêkti ulun ginaguyu | mintaa srayèng manusa ||

45. pasthinya lamun kabalik | dewa narayèng manusa | apan tan ana yogyane | ari Guru tanggêh ringwang | ywan kita mêngsahana | kalawan Si Watugunung | tan lyana atmaja kita ||

46. inggih Kaki Wisnu yayi | tinantun ywan purun mapag | mring Watugunung jurite | ywan Ki Wisnu èstu mênang | ingapura dosanya | ya sabda lon Sang Hyang Guru | lah kakang sarèhanira ||

47. apan ulun anuruti | sok Kaki Wisnu wania | Sang Hyang Narada nulya ge | anurut mring nayapada |

--- 1 : 17 ---

ri kang yun tinêdhaka | iya ran Bathara Wisnu | nguni kang madêg sri nata ||

3. Sinom

1. datatita linging ngunya | kocapa kang matya ragi | anèng sor waringin sapta | taman mobah tan amosik | tansah pitêkur linggih | sira Sang Bathara Wisnu | ri laminya dinukan | ring yayah tan arsa mulih | sangsaya sru ya pitêkur matya raga ||

2. irika dyan kawarnaa | Sang Hyang Narada gya prapti | Sang Hyang Wisnu apan mulat | ywan Rêsi Narada prapti | ing tyas dahat kumitir | hyang rêsi mulat ing Wisnu | lalu wlasirèng nala | mring Wisnu amati ragi | ya ta uwus atata lungguh masila ||

3. dêling ya Sang Hyang Narada | karana ngong praptèng ngriki | dinuta sudarmanira | lah kita mangkya dèn sèngi | umunggaha ring swargi | têkapning Bathara Guru | marma dèn sèngi sira | dènira Sang Hyang Pramèsthi | ya ing swargaloka kaparag prahara ||

4. akèh ri kang gara-gara | jawata kapwa ya wingwrin | kawah Si Côndrabinuka | umob kadya manangkêbi | ya wot si ogal-agil | mènggung kaywa dewandaru | bale si marcukundha | mènggung rênggang lwir ginonjing | karan sangêt gègère Paparewarna ||

5. iya ring jonggringsalaka | widadara-widadari | mangili ajrih ing kawah | têkapning kang jalajati | ya ulun mirsa warti | apan Sang Sri Watugunung | prajanira sang nata | ya mangaran Gilingwêsi | pan kaloka yèn nata prawirèng yuda ||

6. yeka [ye...]

--- 1 : 18 ---

[...ka] Sri Selaprawata | ri mangkyarsa anglurugi | ambêdhah ing suralaya | arsa nawan widadari | kadyapa kwangong tari | kakyapa ta sira purun | yèn tandhinga digdaya | lan Nata ing Gilingwêsi | ri kang nama Sang Sri Selaprawatèka ||

7. Bathara Wisnu lingira | yèn sèstu ulun kaidin | tatar wiyang ring pangagnya | ya dyan atêmahan pati | ulun pan anglampahi | ri sapangagnya Hyang Guru | tatar wiyang ring karsa | ya awak ulun upami | lwir antiga ywan rêmak binuncangêna ||

8. sukèng tyas Rêsi Narada | ywan kayeka kita kaki | lah payo minggah mring swarga | Bathara Wisnu sabda ris | ulun arsa apamit | ring somah ulun rumuhun | karsa mulih sakêdhap | lah antènana ing ngriki | anauri lingnya Sang Rêsi Narada ||

9. lah kaki ring karsaningwang | ywan kêna ywa kita mulih | pan kita lagya dinukan | mring yayahira ring nguni | mangkya lagya dèn sèngi | sira têka tan agupuh | sumêlang mulyèng wisma | among lulut lawan rabi | dadya ngunggar runtike sudarmanira ||

10. Bathara Wisnu lingira | pan wus jamakipun ugi | rèhane ing madyapada | arêrukon lawan rabi | ywan lunga ya sung warti | ywa dadya pangayun-ayun | nadyan têmah palastra | ring wuri pan aywa watir | ulun kesah ing wuri ecaa ring tyas ||

11. apan tan adangu ingwang | ya nuwun marwatèngmawartèng. rabi | myang rakyat kang karyèng wisma | ulun gya mali mariki | Hyang Narada sira ngling | iya aywa dirasira. dangu |

--- 1 : 19 ---

sigra mêsat ngambara | Bathara Wisnu kang mulih | dan warnanên Ni Mêdhang kang karyèng wisma ||

12. rikala katilar wawrat | Bathara Wisnu wêwêling | ywan umijil garbininya | yèn jalu sutanya benjing | namanana Srigati | ring mangkya umijil jalu | pêkik suwarnanira | wus ingaran Sang Srigati | sangsaya lama Sang Srigati diwasa ||

13. pan tansah atakwan bapa | sapta dina sapta ratri | amular takèn sudarma | kang nama Radèn Srigati | nanging tan dèn jatèni | saksana gya maring ibu | ya mangkana lingira | ibu lah têdahna kami | ring unggyanya sudarma kang yogya ringwang ||

14. ywan upama parastraapalastraa (dan di tempat lain). | dèn larung candhinya ngêndi | lalu ring kaarsaningwang | abêktya ring yayah mami | bibi mèwêh ring galih | wasana gya ngling atuduh | dewa kita mênênga | ri mangkya ngong ya sung warti | lah wruhanira dewa ya sudarmanta ||

15. apan ta dudu manusa | ya sudarmanta ya kaki | sajatine ya jawata | ring ajal kamulan nguni | ring Suralaya yêkti | amangaran Sang Hyang Wisnu | duk lunganya matapa | ya sudarmanira nguni | ri lamanya duk kita anèng wawratan ||

16. ring aturnya ya mlas arsa | sira Rahadyan Srigati | nadyan yayah ngong jawata | sayêkti ulun yun uning | ibu sèngana mulih | ibunya aris sumaur | lah iya mangkya uga | manawa ngong sèngi kêni | sudarmanya mangkya ulun amêmujwa ||

17. umunggah sanggar langgatan | mahayun muja samadi | saha lan atmajanira | ingkang nama Dyan Srigati |

--- 1 : 20 ---

gêntha kêkêlèng muni | manunya dupa kumutug | kumêlun marantuganmarantuk gan. | ya ri kang mujwa samadi | Ni Mbok Mêdhang saha lan atmajanira ||

18. ri kang pinuja gya prapta | Bathara Wisnu ya linggih | Ni Mbok Mêdhang pan uninga | yyaniraywanira. kang lagya prapti | Ni Mêdhang bêktyèng laki | nganjali nungkêmi suku | Wisnu gya ngol ring graha | sarya ngling linggiha ari | iya uwus ngong anarima bêktinya ||

19. Sang Hyang Wisnu kagyat mulat | yeka na wong anom linggih | umunggwing wurining graha | warneka tuhu ya pêkik | saha cahya lwir sasi | Bathara Wisnu amuwus | hèh nini iku sapa | ing wuri iku alinggih | ararywa nom satuwuk ngong tar umulat ||

20. manêmbah angling Ni Mêdhang | pukulun kang lunggwèng wuri | ya atmaja duk tinilar | wawratan kinèn ngarani | inggih Radèn Srigati | Sang Bathara Wisnu emut | kalamun grahanira | kala katilar garbini | linging nala Wisnu kaya yèn gêdhea ||

21. wus lama gwan ingsun lunga | sutèngong saèstu pêkik | Bathara Wisnu lingira | sutaningsun iku nini | sapa sira ngarani | ling garwa inggih pukulun | wastane sutandika | ya ngaran Radèn Srigati | Bathara Wisnu dahat trêsnèng atmaja ||

22. Rahadyan Srigati mojar | ring ibu arum amanis | ibu lah sapa rowangnya | angling ulun arsa uning | têkap dahat tan kèksi | ibunya aris sumaur | yèku sudarmanira | lah kaki rowang ngong angling | ya

--- 1 : 21 ---

ta mojar Srigati mring ibunira ||

23. lah ulun uningakêna | ibu ring sudarma mami | gumuyyènggumuywèng. tyas sudarmanya | baya ngling mring atmajèki | ywan tuhu kita ugi | kaki ya atmajaningsun | pasthi kita wruh ingwang | ya mangkana Dyan Srigati | tan antara wus wruh ring sudarmanira ||

24. gya manganjali rahadyan | mring yayah sarya nungkêmi | Hyang Wisnu gya ngol ing suta | lingnya dhuh atmaja mami | tuhu sira ki pêkik | lah lungguha atmajèngsun | ri uwus kapwa lênggah | Bathara Wisnu ling aris | mring grahanya aringong awartèng kita ||

25. iyèngsun dèn sèngi mangkya | dènira Sang Hyang Pramèsthi | umunggah ing Suralaya | karana ingong dèn sèngi | kinon mapag ajurit | nira Sang Hyang Watugunung | Prabu ing Gilingwêsya | yeka ri kang mangunggahi | ri karsanya angrabasèng Suralaya ||

26. iku ngong kinèn mapaga | ring yudane sang narpati | lah ari kita kantuna | marma ngong wartèng sirèki | manawa ngong nêmahi | tiwas rèh ingong prang pupuh | mêngsah Selaprawata | lah yayi wêwêkas mami | amung kita kariya mukti wibawa ||

27. grahanya ya asmu waspa | Radyan Srigati gya angling | mring yayah saha wotsêkar | ulun pan tumuta jurit | dahat alumuh kari | saparan ulun ywa kantun | nadyan têmah parastra | ulun arsa wruha ugi | sigra mojar Bathara Wisnu mring putra ||

28. dhuh radyan atmajaningwang | ywa kita umilwèng kami | apan maksih [ma...]

--- 1 : 22 ---

[...ksih] rare kita | durung mangsaning ajurit | lan tan winênang kaki | kalamun manusa tuhu | munggah ing Suralaya | lah uwis karia kaki | lan ibunya lah uwis padha karia ||

29. Bathara Wisnu dyan musna | mring waringin pitu malih | datan adangu wus prapta | Rêsi Narada ya nganti | anèng soring waringin | gya Batha Wisnu rawuh |Kurang satu suku kata: gya Bathara Wisnu rawuh. sasor waringin sapta | wus samya tata alinggih | apan lagya agunêm ing lampahira ||

30. mangkana ri kang kocapa | kang tinilar pan Srigati | arsa tumutur ing yayah | amicara ing jro ngati | ya ring panêdha mami | marang bathara linuhung | nadyan pêjah gêsanga | iya awak ulun iki | aywa pisah lan sudarma ngwang atuwa ||

31. apan dahat tanpa rasa | ri kang kadya awak mami | ingakên atmaja lanang | sudarma mentar ajurit | ingong eca akari | yêkti ngong wong tanpa kalbu | ywan ngong iki yêktia | atmajane Wisnu jati | muga ringwang bisa angambaha wiyat ||

32. tumulya mêsat ngambara | sirèka Radyan Srigati | tantara dangu gya prapta | soring waringin saptèki | radyan tumulya linggih | ring wurinya yayahipun | kagyat sang rêsi mulat | mring sira Radyan Srigati | Hyang Narada mring Wisnu aris dêlingnya ||

33. lah iku ta kaki sapa | nèng wurinira alinggih | Bathara Wisnu saksana | agya tumolih ing wuri | kagyat Wisnu mulat ing | Srigati lunggwèng ing pungkur | kapanane ta kita | iya tumutur ing kami | nulya

--- 1 : 23 ---

angling Sang Wisnu majarmojar. awarta ||

34. apan punika sutèngwang | ya mangaran Sang Srigati | patutan lawan Ni Mêdhang | Sang Hyang Narada sigra ngling | dhuh sutèng ulun kaki | lah sira kon iku mantuk | manawa kadênangan | mring Guru Sang Hyang Pramèsthi | atêmahan iku mêwahi dosanya ||

35. yèn suta kita milua | mêwahi bramaning galih | apan nguni grahanira | sinêngkêr ing Hyang Pramèsthi | myang kaki ta dhingini | karana sangêt ing bêndu | yayahira mring kita | mangkya kita lagi-lagi | ingapura sinarwèng sudarmanira ||

36. karane kawêruhana | ywa karya pangrêbdèng runtik | Bathara Wisnu lingira | ing nguni wus ingsun pênging | kala ana ing panti | asangêt pangampah ulun | ulun dahat tan wikan | panusule praptèng ngriki | alah uwis Srigati kita muliha ||

37. lah aywa umilu ringwang | kaki dahat datan polih | manusa mring Suralaya | Rêsi Narada sigra ngling | payo mangkat tumuli | dimèn suta kita kantun | umuliha ring wisma | lah uwis kita Srigati | ingong tilar lah payo ungkur-ungkuran ||

4. Pangkur

1. dyan umêsat angambara | Hyang Narada andêdêl ing pratiwi | Bathara Wisnu tan kantun | apan mring kadewatan | tan adangu mring Suralaya wus rawuh | ing lawang matangkêb sela | lawan wot si ogal-agil ||

2. lan êndhut si blêgêdaba | Hyang Narada ya ta lingira aris | ywan suta kita anusul | nadyan bisa ngambara | ngong watara tan bisa [bi...]

--- 1 : 24 ---

[...sa] angambah pintu | ywan ana manusa lintang | apan lawang iki mipit ||

3. nadyan ing lawang bisaa | pasthi tiba ing wot si ogal-agil | lan tan bisa ngambah êndhut | apan ika manusa | alah payo Kaki Wisnu kapwa laju | saksana samya lumakya | cumundhuk ing Hyang Pramèsthi ||

4. tan adangu nulya prapta | Hyang Pramèsthi apan lagya alinggih | pra dewa ya munggèng ngayun | Brama Sakri Kuwera | Mahadewa Sambo lan Bathara Bayu | Sang Hyang Narada wus prapta | Bathara Wisnu nganjali ||

5. ri uwus tata alênggah | saha samya ugêm Sang Hyang Pramèsthi | lawan pra dewa sadarum | warnanên malih sira | nguni ri kang tinilar waringin pitu | tansah amrês ing tyasira | ri kang mangaran Srigati ||

6. arsa tumutur ing yayah | saha pratignya ring tyas pasang giri | ywan saèstu raganingsun | sutèng Wisnu sayêktya | muga dinulura ring bathara luhung | sêdyèngong nut wuri yayah | aywa sah parastra urip ||

7. dyan umêsat mring gêgana | Srigati mangandêl ing mega putih | ing kadewatan dinunung | tan kandhêg lampahira | praptèng lawang sela matangkêb duk mangu | lan êndhut si blêgêdaba | myang uwot si ogal-agil ||

8. naraka yomani loka | ya ta kandhêg lampahnya Sang Srigati | mangkana ya angganipun | apan wus pinratignyan | ywan sajatya ngong sutèng Bathara Wisnu | lah ugi ingong bisaa | angambah ring awan iki ||

9. ywan [ywa...]

--- 1 : 25 ---

[...n] sayêkti dudu ingwang | ri kang suta Bathara Wisnu jati | lah lêbura ya wak ingsun | anèng yomani loka | dyan lumakya Rahadyan Srigati laju | waluya ring lampahira | naraka tan ambayani ||

10. jumujug ing kadewatan | ri praptanya Dyan Srigati alinggih | munggèng wurinya Sang Wisnu | Hyang Guru kagyat mulat | lamun ana rarywa nom lungguh abagus | ing wurinya Wisnu ika | anabda Sang Hyang Pramèsthi ||

11. hèh Kaki Wisnwèku sapa | ya kang anèng wurinirèka linggih | Hyang Narada gya umatur | inggih yayi punika | ingkang linggih atmajanya Sang Hyang Wisnu | patutan lan Ni Mbok Mêdhang | malêrêk Sang Hyang Pramèsthi ||

12. sru umengo ring lungguhnya | dahat runtikira Sang Hyang Pramèsthi | umadêg dera alungguh | agya lumêbèng pura | jajanya brit pratôndha ywan bramatyabramantya (dan di tempat lain). sru | Rêsi Narada wus wikan | yèn Hyang Guru lalu runtik ||

13. Narada saha nut wuntat | Hyang Pramèsthi bramatanya sarya ngling | lah kakang wartiyèng Wisnu | agya konên umentar | amapaga ing jurite Watugunung | sutanya dera pundhuta | iyarsa ingsun patèni ||

14. ngong karya tawuring swarga | Hyang Narada lampahira gya bali | sarya ngling mring Sang Hyang Wisnu | lah apa ujar ingwang | marang sira nguni têkap atmajamu | têmah gagas runtik iya | iku nguni mêtwèng ngêndi ||

15. iku si baya raryapa | têkap tan tiba ring wot syogal-agil | lah kita Bathara Wisnu | agya kinèn [kinè...]

--- 1 : 26 ---

[...n] lungaa | kita mapaga jurite Watugunung | kalawan mangkya sutanya | pinundhut Sang Hyang Pramèsthi ||

16. kinarya tawuring swarga | yeka têmah rarya dahat tan kêni | pinarnah ing bêcikipun | sapa ri kang wadyaa | ing runtike Hyang Siwah Sang Wisnu muwus | lah dahat lênggana ingwang | ywan umapagèng ajurit ||

17. mila tan purun magut prang | ulun ywan pinundhut sutèngong siji | sayêkti ywan ulun lampus | anglampahana karya | sapa ri kang gumantya sawuri ulun | muwah ulun yèn mênanga | lah sintên rowang amukti ||

18. milwèngong nglampahi karya | pan kawogan buktining suta rabi | ywan Srigati têmah lampus | ulun môngsa kantuna | tatar kêdah ngong mukti umadêg ratu | lêhêng ulun dhêdhêkaha | anèng madyaning wanadri ||

19. sok ugi silih uripa | sutèng ulun ingkang nama Srigati | Rêsi Narada gya muwus | ywan mangkana lingnèka | yêkti ngong umatur maring Sang Hyang Guru | Hyang Narada gya umêsat | cundhuk Risang Hyang Pramèsthi ||

20. lingira lah suta kita | Kaki Wisnu lêngganèng mapag jurit | mêngsaha ring Watugunung | mila Wisnu lênggana | de sutanya ngaran Srigati pinundhut | pan dèrèng puput aturnya | kasaru gègèring Jawi ||

21. aswaralok mungsuh prapta | apan kaandhêg ing sajawi kori | têngran bêndhe munya ngungkung | têtêg pindha butula | swaraning sanjatanya lir gunung rubuh | ya ta Si Selaprawata | umangsah mangantêp jurit ||

22. tandangnya lir

--- 1 : 27 ---

singa barwang | mangajrihi wadya ing Gilingwêsi | saha swaranya manguwuh | hèh dewa mêtonana | yèn sira jrih manglawan ing tandang ingsun | agya kita tumuruna | sraha tawan widadari ||

23. irika Hyang Girinata | kagyat sarya ling swarèng apa iki | ring jaba umyang gumuruh | swara lir gunung rêbah | Hyang Narada lingnya wontên mungsuh rawuh | ya Sang Sri Selaprawata | umandhêg jawining kori ||

24. gumêtêr Hyang Girinata | dharodhogan ywa wak lambe kumitir | ring wêwangkongnya matarung | ring tyas tanpa rèrèhan | dahat gugup anglingira Sang Hyang Guru | lah kaya pa rèhanira | Kakang Narada ing mangkin ||

25. ri aturnya Hyang Narada | kapwan tan wontên lèn yogyane malih | mêhêng Sang Bathara Wisnu | ri kang yogya maguta | kadi kawawa amapag Watugunung | nanging yayi atur ingwang | ywan Watugunung ngêmasi ||

26. ri kang dosa sinapura | Kaki Wisnu saatmaja mwang rabi | ywan pukulun datan sanggup | sayêtyèngsayêktyèng. Suralaya | têmah risak dera Sang Sri Watugunung | panjênêngan kita dewa | pasthi yèn abosah-basih ||

27. dahat gumêtêr angganya | Sang Hyang Guru gugup sabda wor wêdi | lah inggih kakang ngong anut | ring karsa rèhanira | lah atagên agya sutèngong Ki Wisnu | iya mapaga ing yuda | ywan Watugunung ngêmasi ||

28. sadosanya ngong apura | Kaki Wisnu madêga narapati | sanadyan sipuraningsun | praja ing Suralaya | dèn pintaa apan iya ingong [i...]

--- 1 : 28 ---

[...ngong] asung | sok Watugunung matyaa | gya ngong lêbok hnènglêboknèng. yomani ||

29. sigra sira Hyang Narada | gya malaywani ring Sang Wisnu aglis | lah mara gya Kaki Wisnu | kita mangsaha yuda | sok palastra Maharaja Watugunung | sadêdosanya ngapura | dera sru durmanirèki ||

5. Durma

1. ling Hyang Guru sok Watugunung pêjaha | sadosanya ring nguni | apan ingapura | dera Hyang Girinata | miwah saha suta rabi | lan sira uga | madêga nata malih ||

2. Bathara Wisnu ling ya apan sandika | ulun inggih nglampahi | saandika nata | nadyan atêmah pêjah | datan nêdya anggingsiri | mugi angsala | pangèstu Hyang Pramèsthi ||

3. nulya umangsah agya Sang Wisnu nata | lan suta ran Srigati | mêdal rananggana | Sang Sri Selaprawata | umadêg jawining kori | saha sêsumbar | manantang ing ngajurit ||

4. hèh dewa lah iya kapwa mêtonana | papagên tandang mami | ywan awêdya kita | lah kapwa manungkula | mumpung durung ngong unggahi | ing Suralaya | lah tawanira êndi ||

5. gya praptaa yun-ayunan Wisnu mojar | hèh Ratu Gilingwêsi | ngong palangi sira | angrusak Suralaya | cilaka pa dera panggih | kadya pa kita | pan wus madeg narpati ||

6. dènirarsa angrusak ing dewanira | karya jlajating bumi | kalawan akarya | rêngkaning Suralaya | duraka pa dera panggih | kêna tan kêna | hèh kita ngong palangi ||

--- 1 : 29 ---

7. kagyat Sang Sri Selaprawata miyarsa | ana swara dumêling | iya kita sapa | dènya wèh swara ringwang | ngatona sun arsa uning | Hyang Wisnu nata | tumulya ris dera ngling ||

8. iya wruhanyawruhanta (dan di tempat lain). ngong Dewa Suralaya | Hyang Wisnu aran mami | ya ta sri narendra | Raja Selaprawata | gumuyu atukup lathi | raganya kita | kang magut yuda mami ||

9. ingong sidhêp ta kita dudu jawata | raganya amêtoni | lah ta mangkya kita | ywan saèstwa jawata | ngatona iku ling mami | ywan dudu dewa | kita aywa kaèksi ||

10. gya ngatingal Bathara Wisnu ing ngarsa | Prabu ing Gilingwêsi | ling suka guyunya | Sang Sri Selaprawata | yeka ya tar mangajrihi | kadya manusa | rupaning dewa iki ||

11. apan tan ulap ingsun mungsuh ing sira | wus kagêm ngasta mami | lah sapa arannya | Dewa ing Suralaya | Hyang Wisnu sigra nulya ngling | ywan tambêh kita | iyèngsun Wisnumurti ||

12. mojar Sang Sri Selaprawata lah iya | kita jurit lan mami | eman ring bagusnya | bilih sinombagêna | eman payah warna pêkik | ywan kita aprang | wêwah karingêt mijil ||

13. ywan kita sukèng tyas payo cêcangkriman | iya kalawan mami | lah kita jawaba | mangkya cangkriman ingwang | yèn kajawab iku mangkin | dene ing kita | lah patwanana kami ||

14. ya sêsuwakên angganingwang sadaya | pêgatên cêngêl mami | kita padhatia | ywan sira tan anjawab | marang cêcangkriman mami | Dewa [De...]

--- 1 : 30 ---

[...wa] ing Sura- | laya nungkulèng mami ||

15. mwang apsari ngong turunakên sadaya | kasraha maring kami | saksana ris mojar | Sang Hyang Wisnu Bathara | lah ucapêna tumuli | cangkrimanira | ngong jawabe samangkin ||

16. agya manabda Sang Sri Selaprawata | iki cangkriman mami | ana wit adhakah | ya adhikih uwohnya | woh adhakah wit adhikih | kita jawaba | iku cangkriman mami ||

17. anauri angling Sang Hyang Wisnu Nata | iya uwit adhikih | uwohe adhakah | apan iku sêmôngka | iya kang awoh adhikih | uwit adhakah | apan iku waringin ||

18. Sang Sri Selaprawata anglês ri kang tyas | umênêng tan kêna ngling | angraos kajawab | ri kang cêcangkrimannya | Bathara Wisnu mangkya ngling | lah dèn prayitna | sira têka ing jangji ||

19. Bathara Wisnu sigra mangagêm cakra | Nata ing Gilingwêsi | anulya cinakra | manduk ing jôngga pêgat | maniba wus angêmasi | gya sinasêmpal | angganya pinadhati ||

20. ri sampuning pêjah Sri Selaprawata | pratiwa kwèh wus gusis | umantuk sasaransarsaran. | dahat takut ri kang tyas | angganya ya sang narpati | uwus winawa | umunggah ring swarga di ||

21. wus ingunjukkên ing Sang Hyang Girinata | punika wangke aji | Sri Selaprawata | pêjah têka ing ingwang | awaknya wus kapadhati | kawênang ya prang | tan alah ing ngajurit ||

22. apan kawênang têka ing cêcangkriman | kabukwèng ulun nguni | cangkriman [cangkri...]

--- 1 : 31 ---

[...man] sang nata | suka Hyang Girinata | ri sapêjahnya narpati | Rêsi Narada | lalu saarsèng galih ||

23. dyan warnanên ing nguni dyah ngaran Sinta | ri palastraning laki | tatar sah mangarang | dina ratri karuna | ri kang tansèng anèng tangis | muhung kakungnya | Sang Sri ing Gilingwêsi ||

24. ri tangisnya saha karya gara-gara | mêndhung galêdhêggalêdhèg. muni | jawah salah môngsa | lesus gêng pôncawara | mawor swarèng megung ardi | gugur lorodan | muntab agni lwir warsi ||

25. myang sela têmpuh mawalikan mring wiyat | agninya angajrihi | lindhu wor prahara | umob wening samodra | grahana surya myang sasi | pêtêng limunan | kilat awor lan thathit ||

26. anglêwihi gara-gara madyapada | Suralaya gêng prapti | ri kang bayu-bajra | ing swarga kalèbèran | ing toya lêwih ngajrihi | ing parewarna | gègèr kang widadari ||

27. myang naraka umob lir pendah kinêla | uwot si ogal-agil | êndhut blêgêdaba | kawah Côndrabinuka | ambèr naraka ngajrihi | dening prahara | lir grah prahara muni ||

28. narakanya widadari-widadara | gègèr tan wrin ingungsi | myang para jawata | samya mabilulungan | lalu laraning prihatin | dahat kang ana | têntrêm lunggwèng ing panti ||

29. panyiptèng tyas kinêlêm ing Suralaya | ing dewa kang linêwih | Sang Hyang Girinata | samana mahêm rêmbag | lan Sang Hyang Narada singgih | myang para dewa |

--- 1 : 32 ---

Sang Hyang Pramèsthi angling ||

30. lah apa kakang kang mawa gara-gara | ing swarga loka iki | dene lir kinocak | kakang ing Suralaya | apa ta wadine ugi | Rêsi Narada | gya matur Hyang Pramèsthi ||

31. wontên yogyaning ulun ing marcapada | lalu lara prihatin | apan garwanira | Sang Sri Selaprawata | andina ratri anangis | dyah ngaran Sinta | ri sapêjahing laki ||

32. apan punika kang mawa gara-gara | Sang Hyang Pramèsthi angling | lah yèn mangkanaa | kakang gya tumuruna | yoganing ulun kang nangis | dyah ngaran Sinta | aywa sangêt prihatin ||

33. kita waraha ywan lakine wus gêsang | uwus aywa akardi | rusak Suralaya | kita tag umênênga | ya ta umêsat tumuli | Rêsi Narada | mara ring Gilingwêsi ||

34. dan adangu Rêsi Narada wus prapta | ing prênah kang rudatin | yeka Dèwi Sinta | dina ratri karuna | Rêsi Narada sigra ngling | kita mênênga | nini ywa kita nangis ||

35. aywa kita kartya bagnèng Suralaya | yèn tan umênêng nangis | nini dewanira | tansah abilulungan | yèn kita tansah akingkin | yêkti pra dewa | myang gandarwo kwèh agring ||

36. apa ri kang dadya rudatin ri kang tyas | apan lakinya nini | ya sabdaning dewa | Sang Sri Selaprawata | apan iya urip maning | taman parastra | Prabu ring Gilingwêsi ||

37. Dèwi Sinta kagyat miyarsa ring swara | umênêng manangisi | gya lon ya lingira | sapa ya asung swara |

--- 1 : 33 ---

ri saur ingkang mawèh ling | wruhanya ingwang | dewanya ya nuruni ||

38. marma nurun dènira lara karuna | de laki kita mati | sèstu taman pêjah | ya Sang Selaprawata | apan ri mangkyorip malih | ana ing swarga | iku antinên nini ||

39. ing sadina rong dina antinên iya | lakya kita pan prapti | ya ta Dèwi Sinta | ilang rudatining tyas | ring uripe ri kang laki | pajar ing dewa | mila eca kang galih ||

40. uwus ilang Narada kang masuwara | ya mring kahyangan malih | apan uwus sirna | kwèhning kang gara-gara | ri kang swarga mulya êning | dyan Dèwi Sinta | dahat dera ya nganti ||

41. apan uwus praptèng ubaya rong dina | tri dina taman prapti | lakinya Dyah Sinta | Ni Sinta nir ingkang tyas | kaki dewa kang nuruni | wênang adora | dewa ring mangkya iki ||

42. baya amrih mênênga panangis ingwang | bisa ngarêmi ati | linging dewa apa | tan kêna kagugua | gya Sang Sinta nangis malih | apan aniba | munggwing ing tilamsari ||

43. kapwa sadhela ya prapta gara-gara | pan lêwih ingkang uni | myang ing Suralaya | lêwih sing madyapada | kang apsari sêdhih kingkin | myang dewanggana | tanbuh polah sru wingwrin ||

44. Hyang Pramèsthi manabda ring Hyang Narada | lah kadya apa mangkin | kakang rikèng karsa | bagnaning swarga iya | punapa ri kang amawi | Sang Hyang Narada | lingnya umatur aris ||

45. yoganing Guru kang anèng madyapada | apan anangis malih | yeka Dèwi Sinta | nêkakkên gara-gara | rèhning [rèh...]

--- 1 : 34 ---

[...ning] laki datan prapti | lamun sambada | lan Yayi Hyang Pramèsthi ||

46. ingkang mangaran Sang Sri Selaprawata | inguripêna malih | darapon aywaa | lah ingaranan dora | sapa ri kang ngêndêl benjing | sakèhing dewa | yèn padha goroh mangkin ||

47. ing saèstunya Raja Selaprawata | yèn tan uripa malih | pan môngsa kartaa | praja ing Suralaya | dêlingnya Sang Hyang Pramèsthi | saha karsanya | kakang uripna malih ||

48. gya lumampah sira Sang Rêsi Narada | ring gwan sang pinadhati | ya ta kang pralaya | Sang Sri Selaprawata | Rêsi Narada lingnya ris | muga èstua | kita ya urip malih ||

49. iku pangandikane Hyang Girinata | ya ta wus urip malih | wau sri narendra | Sang Sri Selaprawata | apan wus tata alinggih | Sang Hyang Narada | angling wacana manis ||

50. alah uwus ta kaki kita muliha | mring madyapada malih | yêkti kita ngantya | marang ing swaminira | gya dadya anata malih | bau dhêndhaa | kita nèng Gilingwêsi ||

51. tumulya ngling Sang Raja Selaprawata | turênèng pangastuti | ningwang mring Hyang Gurwa | apan kita lênggana | yèn ingulihêna malih | mring madyapada | apan iku kabalik ||

52. ulun iki uwus umanjing ing swarga | yèn ta muliha malih | marang madyapada | dadya tanpa wasana | lawan ulun minta malih | nadyan giringwang | ingunggahênèng swargi ||

53. yèn tan lawan sêsanak ulun sadaya | sarta lan rabi mami | ulun sru lênggana | de kwèh ing sanak ingwang | tigang dasa [da...]

--- 1 : 35 ---

[...sa] lawan mami | inggih punika | ngong têdhèng Hyang Pramèsthi ||

54. ulun têdha sadaya unggah ing swarga | anunggala lan mami | dyan Rêsi Narada | warah Hyang Girinata | Watugunung wus katari | apan lênggana | yèn umuliha malih ||

55. nadyan swarga yèn tan lawan sêsanaknya | myang yayah lawan rabi | mapan dahat wiyang | lan malih kang tinêdha | kadang tigang dasa sami | minggahèng swarga | angling Sang Hyang Pramèsthi ||

56. yèn mangkono Si Watugunung apangkal | taman mamrih abêcik | angling Hyang Narada | aywa runtik andika | mring Watugunung ing mangkin | yèn bramatyaa | tan wontên anadhahi ||

57. Si Watugunung apan kadya jawata | urip tan kêna mati | yèn ika krodhaa | pasthi abot kasôngga | Hyang Pramèsthi lingnya inggih | ngong nurut ri sa- | karsanya madu gêndhis ||

6. Dhandhanggula

1. ya unggahêna ing swarga mangkin | sadulure tigang dasa pisan | ing pêndhak Dite lakune | yèku ing purwanipun | wontên wuku tigang dasèki | inggih sadulurira | ya Sang Watugunung | ri sampunira mangkana | Sang Hyang Guru umantuk ing swarga malih | jumênêng adilira ||

3. Sajarahipun para ratu ing tanah Jawi wiwit saking jumênêngipun Ratu Bathara Wisnu lan Bathara Brama dumugi nagari Pajajaran

2. Sang Hyang Narada matur lingnya ris | ari Guru suta pakênira | Ki Wisnu paran wêkase | apan karyane sampun | anglampahi ayahan jurit | yèn sêmbada ing kita | apênêt tinurun- |

--- 1 : 36 ---

akên saha swamineka | jumênênga ratwèng madyapada malih | ika ri sêmbadanya ||

3. irikèng madyapadèku benjing | ywan kita ari tananêmana | suta putu kita dhewe | yêkti cupêt ing besuk | panjênêngan kita narpati | apan ing tanah Jawa | yêkti ara-uru | Sang Hyang Guru sigra mojar | ya abênêr kakang lingira ring kami | tatar ana salahnya ||

4. lah kakang sira tumurun aglis | suta kita Ki Wisnu Bathara | mring madyapada ring mangke | saha suta swamèku | ya umadêgêna narpati | nanging aja manusa | ratuning lêlêmbut | ri mônca wolu puranya | ri kang dihin iya ing gunung Marapi | kapindho Pamantingan ||

5. kaping tri ing Kabarehan iki | kang kaping caturnya ing Lodhaya | lan malih kaping pancane | iyèng Kuwubalêdhug | kaping sade Saptawaringin | saptèng Kayulandheyan | kaping asthanipun | iya ri kang aran Roban | wruhanira iku purane ing benjing | Wisnu suta putunya ||

6. anging wêkas ingong kita benjing | iya ri sawuri-wuriningwang | suta putu kita kabèh | ri kang umadêg ratu | ning lêlêmbut manuta benjing | ya ring suta putunya | ratu manuswèku | iya pa sapakartinya | dèn êtuta aywa ta iku dèn dohi | myang yèn amanggih karya ||

7. lah Ki Wisnu tumuruna kaki | myang sutaningsun Bathara Brama | turuna madyèng padane | kita madêga ratu | ngadhatwana ing Gilingwêsi | lah gumantyaa kita | Risang [Ri...]

--- 1 : 37 ---

[...sang] Watugunung | kita nêdhakêna nata | nuswa Jawa tumulya samya ngastuti | têdhak mring madyapada ||

8. nèng madyapada wus madêg aji | Bathara Wisnu dadya narendra | siniwèng lêlêmbut kabèh | muwah Hyang Brama uwus | madêg ratu janma anênggih | Gilingwêsi puranya | nuswa Jawa nungkul | ri sampuning lama-lama | apêputra sang prabu pan miyos èstri | Ni Bramani kang nama ||

9. Ni Bramani Tritrustha putrèki | Tritrustha aputra Parikênan | Sang Parikênan putrane | Manumanasa iku | Sang Manumanasa putrèki | aran SatrukêmSakutrêm (dan di tempat lain). ika | Satrukêm asunu | Sakri namaning atmaja | Sang Hyang Sakri Palasara putranèki | Palasara aputra ||

10. Bagawan Abiyasa putrèki | nulya putra Pandhudewanata | ing Ngastina nagarane | wus alama asunu | Sang Arjuna ingkang kêkasih | Sang Arjuna pêputra | nama Abimanyu | samana pralinèng rana | tilar garwa anuju sêpuh garbini | miyos jalu kang putra ||

11. ajêjuluk Raja Parikêsit | iya ing Ngastina prajaneka | Sang Yudayana putrane | Yudayana asunu | Gêndrayana ingkang wêwangi | aputra Jayabaya | sirna nagarèku | Sang Jayabaya pêputra | kang nama Sang Jayamijaya putrèki | putra Jayamisena ||

12. Jayamisena putranirèki | kang mangaran Kusumawicitra | Ki Citrasoma putrane | Citrasoma asunu | Pôncadriya ingkang wêwangi | aputra Anglingdriya | punika asunu | Sang Raja

--- 1 : 38 ---

Suwelacala | pan jumênêng narendra ing tanah Jawi | ya ing Purwacarita ||

13. Raja Selacala iku nênggih | apêputra Srimapunggung ika | Jugulmudha pêpatihe | Srimapunggung asunu | Kandhihawan ingkang wêwangi | apêpatih Kunthara | Kunthara puniku | iya anak Jugulmudha | Kandhihawan lêlima putranirèki | Ki Panuhun pangarsa ||

14. karêmêne rêke among tani | dadi ratuning wong tani ika | awisma anèng Bagêlèn | Sandhanggarba panggulu | karêmêne adagang nênggih | dadya ratu sudagar | Jêpara wismèku | panêngahe Karungkala | karêmêne sabèng wana apan dadi | tuwaburu ratunya ||

15. ing Parambanan wismanirèki | iya iku ta Sang Ratu Baka | Tunggulmêtung sumêndhine | andèrès rêmênipun | dadya ratu wong karya nguni | Rêsi Gathayu ika | nênggih kang waruju | arêmên sabèng paseban | pan jumênêng ratu ing Koripan nênggih | anggêntosi kang rama ||

16. sakathahe sanak papat iki | sami asok bulu bêktinira | glondhong pangarêng-arênge | maring Rêsi Gathayu | kang jumênêng Koripan nguni | Rêsi Gathayu ika | lêlima kang sunu | pambayun Rara Suciyan | iya Kili panggulu Miluhur nênggih | iya Natèng Jênggala ||

17. panêngahe Lêmbupêtêng nênggih | iya iku ta Sang Natèng Daha | Lêmbupangarang arine | iya kang dadi ratu | ing Gêgêlang kalane dhihin | Ni Ragil Prêgiwôngsa | pan akrama antuk | nênggih Lêmbuamijaya | kang jumênêng ratu anèng [a...]

--- 1 : 39 ---

[...nèng] Singasari | duk Jawa pinôncapat ||

18. Lêmbumiluhur aputra Panji | ingkang dadya wau somahira | Kèn Côndrakirana rane | putri Daha kang sêpuh | Radèn Galuh pêparabnèki | Radèn Panji pêputra | Dalalean iku | jumênêng ing Pajajaran | nulya pêputra Radèn Banjaransari | anulya apêputra ||

19. akêkasih Radyan Mundhingsari | Radèn Mundhingsari apêputra | Radèn Mundhingwangi rane | Mundhingwangi asunu | gih Sang Ra[...]Ratu. Pamêkas nênggih | punika apêputra | Arya Bangah sêpuh | tinandur ing Galuh ika | Ki Susuruh ginadhang jumênêng aji | ana ing Pajajaran ||

4. Lêlampahanipun Siyungwanara

20. datatita jênênging narpati | Pajajaran nênggih kang winarna | wontên kang tinutur malèh | wontên jênêngan wiku | atêtapa ana ing ardi | kilèn ing Pajajaran | prênahe dhêdhukuh | nama Ki Ajar Capaka | patapane lèr kilèn saking ing ardi | gunung ing Pajajaran ||

21. pan uwus kalokèng praja salwir | ywan Ki Ajar tasdik ing paningal | wruh sadurunging binadhe | pan wus katur sang prabu | yèn Ki Ajar kuncara tasdik | samana sri narendra | ngandika smu bêndu | dhatêng rêkyana apatya | hèh apatih ingsun akarsa ngyêktèni | mring Si Ajar Capaka ||

22. lah agya pasangana tumuli | ya pawèstri sêsêngkêran ingwang | dèn kadya wawrat tingkahe | wus kapasangan wau | apan bokor kinarya sandi |

--- 1 : 40 ---

kinayutakên têngah | sininjangan sampun | saha kasêmêkanira | wusnya samar wus pindha dyah anggarbini | sang nata gya umojar ||

23. lah uwis umangkata dèn aglis | iku parakênèng Si Capaka | nulya ge kita kon badhe | jalu myang èstrinipun | yèn kajawab dera wèh sandi | satuhu yèku awas | ran Capaka wiku | sèstu olih sihing dewa | gya umangkat apatya datan kawarni | ring awan uwus prapta ||

24. ring ngarsanya Ki Ajar tumuli | rakyana patih sigra angatag | ambadhea bêbêktane | Ki Ajar gya sumaur | asmu sêndhu saurirèki | hèh kiyai andika | dahat tambung laku | apan ingong iki mudha | dahat tan wruh ambadhya garbini iki | pan kadya rare kita ||

25. ki apatih sangêt dera mrêdi | hèh Ki Ajar andikaning nata | aja ora dera badhe | jalu lan èstrinipun | kae Ajar kaku ring galih | dadya puwara mojar | apa ta satuhu | sang nata ngayoni ringwang | hèh apatih iya turênèng narpati | iku ngong badhe lanang ||

26. lêwih sukèng tyasira apatih | sigra apamit saksana budhal | datan kawarna lampahe | praptèng ngarsa umatur | mring sang nata rêkyana patih | inggih sampun binatang | wawratan yèn jalu | sang nata pan lêwih suka | sarya mojar Si Ajar atêsmak dhingklik | dening apêksa awas ||

27. sêsêngkêran wus binêktèng puri | saha busana wus ingalapan | samana èstu wawrate | wus [wu...]

--- 1 : 41 ---

[...s] katur ing sang prabu | yèn kêkasih sri narapati | kang saking Pajajaran | èstu wawratipun | sang nata bêndu kalintang | lanyap bae Si Ajar arsa ngayoni | marang ing jênêng ingwang ||

28. ya ta samana kinèn mêjahi | Ki Ajar apan wus pinêjahan | tinumpês anèng dhepoke | sapêjahe sang wiku | ana swara kapirsa nguni | swara tan katingalan | sojaring swarèku | hèh Sang Ratu Pajajaran | wruhanira ingsun amalês ing benjing | marang ing jênêngira ||

29. benjang yèn ana janma kêkasih | Siyungwanara arane ika | ring kono ingong anagèh | iya maring sirèku | sri narendra gya anauri | hèh Ajar kapan sira | praptèng ngarsaningsun | aja benjang mêngko sira | auripa pan ingsun tan nêdya gingsir | swara ika wus ilang ||

30. yèku purwèng nguni kang nagari | Pajajaran kêna ing musibat | pan asangêt gêgêringe | gêring sore suk lampus | gêring esuk sore ngêmasi | rusaking wadyabala | sang nata sigra sru | rudatin tyasnya kalintang | dènya sare naritis wus tigang sasi | tan kêna sinewaka ||

31. juru ujumnujum (dan di tempat lain). sigra dèn timbali | juru tênung myang tabittabib (dan di tempat lain). pujôngga | wus ingandikan sakèhe | lah paran wêkasipun | balaningsun pan akèh mati | punang juru sadaya | matur ing sang prabu | punika gampil kêwala | têtambane wêwêlak ingkang nagari | kita dhahar nayuba ||

32. sawuse kita luwaran bukti | kita asarea lan wanodya |

--- 1 : 42 ---

pasthi sirna gêgêringe | nanging rêke sang prabu | kita darbe sêsukêr malih | kawrat ing manah kita | sang nata lingnya rum | kaya pa sêsukêr ingwang | juru matur kita benjing andarbèni | putra miyos ngampeyan ||

33. miyos jalu putra paduka ji | amêjahi dhatêng ing sang nata | sampun pinasthi jangjine | pan paduka pukulun | amêkasi jumênêng aji | ana ing Pajajaran | kewran sang aprabu | dadya amicarèng nala | arsa nora aluwaran ingsun iki | manawa wêdya têlas ||

34. sun takoni ujare si tabit | ingsun mati dening sutaningwang | nanging mokal ingarahe | bapa mati sing sunu | lah sakèhe lêluhur mami | têka ing Nabi Adam | tan ana kayèku | anging ingsun kang pinêca | bok iyaa ingsun anglakoni jangji | sok balengong mulyaa ||

35. wus atuwa sêdhêng ingsun mati | anglakoni ujaring riwayat | wus tuwuk ingsun kamuktèn | nanging sapungkur ingsun | balaningsun mulyaa sami | ingsun akarya tilas | mring suta lan putu | tulusa jumênêng nata | anèng Jawa ing satêdhak-têdhak mami | panêdhèngsun ing dewa ||

36. sapingsore suta putu mami | aywa pêgat mêngkwèng nusa Jawa | ing benjing maria rêke | dhatêng dina kang kantun | ri saksana sri narapati | nulya sira luwaran | dènya mangan nginum | ya ta wuru-wuru dawa | asmu supe sang nata sare lan èstri | kang binadhe Ki Ajar ||

37. wawrat anom [ano...]

--- 1 : 43 ---

[...m] katêdhakan yêkti | rahsa mulya sang dyah saya lama | wawratan dhatêng êlèke | ambabar miyos jalu | nulya katur mring sri bupati | sang nata angandika | apa baya iku | tinarka mêjahi ringwang | maring ujum nulya sira jabang bayi | agya pinakan upas ||

38. myang tri bobok lêlèngèk drubêsi | jabang bayi pan ora tumama | sang nata asru bêndune | karsanira sang prabu | jabang bayi dipun sêsuwir | apan êmban lan inya | matur ing sang prabu | lah gusti sampun mangkana | kadya paran kapirsaa lyan nagari | kita makucêm bala ||

39. yèn sang nata akarsa mêjahi | agampil tur tan ana kang myarsa | sang nata pangandikane | inya paran karsèku | ing patine rareku mangkin | pun inya atur sêmbah | suwawi sang prabu | rare alit tinabêla | binucala ing lèpèn Karawang nênggih | gusti agêlis pêjah ||

40. sri narêndra sigra angling aris | iya bênêr iku ujarira | rare tinabêla age | sigra nulya linabuh | dhatêng kali Karawang singgih | jabang bayi mring toya | blas datan kadulu | katut ing banyu Karawang | sampun mantuk kang nglabuh warnanên malih | Ki Buyut ing Karawang ||

41. kyai buyut mancing pinggir kali | ing Karawang kagyat sira mulat | teja awêning cahyane | kadi wulan sumunu | kyai buyut angling jro ngati | lami ngong sabèng toya | pan durung andulu | ing cahya kang kaya ika | kyai buyut nulya sira

--- 1 : 44 ---

marêpêki | aningali tabêla ||

42. pan kasangsang ing bêbara nênggih | kang tabêla ki buyut anyandhak | duk binuka isi rare | cahyanipun sumunu | ênting bagus sira nêlahi | pra wadana lwir wulan | purnama dinulu | sira ki buyut garjita | pan sumingêb ing panonira ningali | mring jabang bayi ika ||

43. kae buyut angling jroning ati | rare iki kang anèng tabêla | pantês trahing kusumane | dening tuhu abagus | kaya dudu sutaning cilik | ya ta wus tinutupan | gya binêkta mantuk | sinungakên rabinira | nyai buyut wantu wong nora nganaki | ing mangke manggih putra ||

44. tur abagus cahyane lir sasi | nyai buyut lintang sukanira | dinadah dulang suk sore | saya lama winuwus | ya ta agêng kang jabang bayi | wayah sampun diwasa | takèn ramanipun | sapa sintên kang ayoga | ing manira kyai buyut anauri | iyèngsun bapakira ||

45. rajasunu tan rêna sira ngling | pan jamake ing manuk punika | sarupa lan bapakane | kita kalawan ulun | apan beda sarupa mami | Kyai Buyut Karawang | èmêng ing tyasipun | wasana sira gya mojar | iya sira anak ingsun dhewe kaki | rajasunu tan suka ||

46. kyai buyut amicarèng ati | bok iyaa ngong agawe dora | darapon lêgaa tyase | aris wijiling wuwus | lah Ki Jaka nak ingsun kaki | yèn kita nora rêna | ing panabdaningsun | ingsun duwe pawong sanak |

--- 1 : 45 ---

atêtapa anèng wana pan winasis | petangan ujum ramal ||

47. lan wruh sadurung winarah kaki | iya nyawa payo pinaranan | takonana sabênêre | Ki Jaka lingnya arum | lah anêdha pinaran kaki | wong sanak pakênira | dyan samya lumaku | tan asuwe nulya prapta | sirèng wana kae Jaka aningali | pêksi awarna-warna ||

48. kae Jaka sira angling aris | kaki buyut punapi punika | kang lwir manuswa warnane | angingkrang linggihipun | kyai buyut ika nauri | ingaranan wanara | Ki Jaka amuwus | lan maninge ika apa | kang anèng pang manuk jamang dening luwih | bagus kaki rupanya ||

49. kyai buyut ika anauri | pêksi siyung arane punika | Ki Jaka aris wuwuse | yèn mangkono ki buyut | sun angalih aran ing mangkin | iya Siyungwanara | kaki aran ingsun | ki buyut ngamini sira | ya ta ngucap Siyungwanara lah ngêndi | wismane sanakira ||

50. kyai buyut èmêng ing jro ngati | dening kabutuh dènya adora | dadya amicarèng tyase | lah bok iyaa ingsun | sun salimpangênèku malih | rare môngsa wêruha | dadya sira muwus | bagus pasanakan ingwang | uwus ngalih saking ing wana ing ngriki | awisma anèng praja ||

51. pagaweyane apandhe wêsi | karya sanjatanira sang nata | ing Pajajaran ing mangke | Siyungwanara wau | sakalangkung bungah ing ati | miyarsa tuturira | kang rama [ra...]

--- 1 : 46 ---

[...ma] ki buyut | dene angucap Sang Nata | Pajajaran Ki Jaka rêsêp ing ati | angrasa wruh ing praja ||

52. kae Jaka anulya ngling aris | anêdha kaki jinujul pisan | sanakira iku mangke | pangrasane tyas ingsun | kaya rêke nora atêbih | wismane sanakira | lan sudarmaningsun | ya ta sira sami mangkat | wong kêkalih saking ing wana sira glis | sira prapta ing praja ||

53. nulya dhatêng kapandheyan aglis | Kyai Êmpu kapanggih alênggah | ana ing pabasalène | lagya pêpandhe wau | nulya sira anapa aris | kakang dawêg katuran | ing sarawuhipun | lwir ulam srambahan toya | tyas kawula kadya katibanan sasi | ing sarawuh andika ||

54. baya wontên karya kang agati | atanapi mundhut abah-abah | kudhi pacul myang linggise | tatah pêthèl lan wadung | lading gobang pangot lan sêking | pecok wangkil lan jara | wêdhung miwah prêkul | kawula dhatêng sumôngga | pan akathah kagêngan dika puniki | myang warni dhuwung pêdhang ||

55. pan akathah sarta warni-warni | yèn pundhutên kawula sumôngga | tan angraos adêdarbe | angling kiyai buyut | lah anêdha manira yayi | ing sih pracayanira | yayi praptaningsun | taha nêdha adandanan | apan boya mila sun prapta ing ngriki | angatêr anak para ||

56. arsa panggih kalawan sirèki | anak para Ki Siyungwanara | Kyai Pandhe wruh sêmune | ingsun tinggal [ting...]

--- 1 : 47 ---

[...gal] puniku | datan suprih anambut kardi | dimèn tutug dolanan | ing sakarsanipun | Kyai Buyut ing Karawang | nulya mantuk tan warnanên sampun lami | Jaka Siyungwanara ||

57. tumut sêsinau pandhe wêsi | aparon dhêngkul apukul tangan | asêsupit darijine | sakèhing para êmpu | kapandhean cingak ningali | maring Siyungwanara | ing kasêktènipun | lami-lami pan kasusra | sanagari yèn Ki Êmpu putranèki | asêkti mahambara ||

58. lan baguse lêwih ingkang warni | anglir Dewa Hyang-Hyang Kamajaya | apêkik anom dhasare | sumrêg kathah kang rawuh | anênonton ing sang apêkik | sakèhe kang tumingal | rasa-rasaras-arasên. mantuk | wênèh ana nginèp pisan | kang sawênèh ana milu nglêladèni | dènya pandhe Ki Jaka ||

59. sêsêk jêjêl kang wong nêningali | kang tan antuk ing panggenanira | mêmènèk kêkayon bae | pagêre Kyai Êmpu | lêbur dening wong nêningali | rusak pawismanira | tanêm tuwuh gêmpur | Ki Êmpu pangucapira | ing wong kathah sadayane kang ningali | padha wèha balônja ||

60. kang somahan padha sun jaluki | ngalih reyal rôndha tigang reyal | walanjar patang reyale | kang parawan puniku | pitung reyal ingsun jaluki | dhudha lawan pra jaka | samya ngênêm suku | sakathahe wong tumingal | ananggupi nini-nini dèn jaluki | wong roro sangang reyal ||

61. lan nyênyamikane aywa [a...]

--- 1 : 48 ---

[...ywa] kari | wong sijine samya nyarampadan | bêborèh sarta sêkare | myang damar malamipun | lamun dalu obor nyatunggil | samya sanggup sadaya | malah samya muwus | manawi wontên pundhutan | saliyane andika ucapkên malih | ecaa budidaya ||

62. wus alami Ki Jaka ing mangkin | samana arsa dhatêng ing pasar | Ki Pandhe ngampah karsane | sira midhanga besuk | lamun barêng kalawan mami | sarya dol kalithikan | mênêng sang abagus | ya ta prapta ing samaya | nulya mêdal ing lêlurung sang apêkik | paranipun mring pasar ||

63. kae Jaka iya amulat ing | gajah ginuyang Ki Jaka tanya | baya ika pa arane | ingkang agêng ngragunuk | kae Êmpu lingira aris | bagus ika ran gajah | wahananing ratu | ri kang liman gya umulat | mring Ki Jaka adoh pinalaywan aglis | prapta mêndhak ing ngarsa ||

64. tulalya sah ya tininggil-tinggil | yèn janmaa gajah ika ngucap | dhuh gustingong kita anggèr | lah yogya sang abagus | manitiha ing gigir mami | lah dawêg ulun bêkta | malêbwèng kadhatun | cundhuka ing yayah kita | uwus pasthining dewa kita gêntosi | Nata ing Pajajaran ||

65. gya ingusap gadhinge kang èsthi | iya maring Sang Siyungwanara | ri sampuning ngusap rêke | Ki Jaka nulya mantuk | kang wong sami cingak mulat ring | Risang Siyungwanara | ri satingkahipun | Ki Êmpu atêbah jaja | dahat ajrih lingira saha smu tangis | dhuh sutèng ulun [u...]

--- 1 : 49 ---

[...lun] nyawa ||

66. lah pagene kita wani-wani | dadya apa yèn kadêngangana | mring sang nata kita anggèr | pasthi dadya sapikul | mukanira kalawan mami | ênêngakêna sira | kocapa Sang Prabu | ing Pajajaran sineba | dening bala angadu wong pêrang tandhing | galaganjur kang munya ||

67. piniyarsa ngrêrantêg ngrêrangin | saha suraknya mangambal-ambal | Ki Jaka amit ngramane | pan akarsa andulu | mring paseban wong aprang tandhing | ingampah datan kêna | mring Rama Ki Êmpu | nanging Ki Siyungwanara | dahat mêksa Ki Êmpu sangêt malangi | lah bagus aywa lunga ||

68. tanbuh nyawa kang sira tingali | dudu layak tontonaning bocah | yèn ratu kasukan rêke | papak kunêng ing kewuh | apan sira maksih acilik | durung wruh ing dêduga | angling sang abagus | ngong palangana malumpat | ingong bapa dhadhungên amêdhot ugi | Ki Jaka sigra kesah ||

69. kapiandhêm palayunirèki | Siyungwanara dhatêng pasowan | ya ta prapta tan asuwe | ing prênahe sang prabu | nulya sira jajar alinggih | lawan sri naranata | pan tan ana wêruh | Siyungwanara tumulya | mring kadhaton kandhêg balesawo nênggih | rêmên sira tumingal ||

70. apan ta balesawo ing nguni | yèn ginêpok kadya gông sarancak | punika gôngsa ginawe | ya ta sang rajasunu | duk alinggih ing bale adi | umyung ing swaranira | wau sang aprabu | eca dènira kasukan | kagyat myarsa lamun [lamu...]

--- 1 : 50 ---

[...n] balesawo muni | kèhing bala garjita ||

71. lawan gègère sakwèh wong puri | amiyarsa balesawo munya | sang nata duka dan linge | hèh sapa purun-purun | anggêpoka ing bale mami | hèh mantri jêro sira | lah cêkêlên gupuh | kang ganggu kagungan ingwang | miwah kapêdhak milua anyêkêli | sigra samya malaywa ||

72. sigra praptèng jro bale tumuli | Siyungwanara kapanggih sira | sêsarean anèng bale | ya ta agya tinubruk | cinêkêlan ing para mantri | jêro miwah kapêdhak | kêbat sarirèku | ya ta Ki Siyungwanara | gya akirig saha apêtak sira glis | mantri pating palêsat ||

73. samya têmpuh wak rowangirèki | ana putung balunge sukunya | wênèh kang rêmêk igane | sêmpal baunirèku | ilat mele mata mandêlik | ana pêcah mukanya | wênèh ana lampus | sakarine ingkang pêjah | pan malayu ya ta ngungsi ring narpati | samya tur pêjah gêsang ||

74. sri narêndra ngandika smu runtik | kang ana ring baleningwang ika | bocah ngêndi pangakune | inggih ing aturipun | Kapandheyan wismanirèki | anake Êmpu Lurah | wau sanggupipun | ya ta ngandika sang nata | lah timbalana Si Êmpu Lurah aglis | Ki Êmpu sigra prapta ||

75. sri narendra sigra dènira ngling | hèh pandhe sapa kang duwe anak | wani-wani gêpok bale | lan sapa aranipun | punang pandhe umatur aris |

--- 1 : 51 ---

inggih anak kawula | punika ranipun | pun Jaka Siyungwanara | angandika sang nata arum amanis | timbalana nakira ||

76. Ki Êmpu sigra angandikani | mring anak aran Siyungwanara | nulya prapta tan asuwe | ing ngayunan alungguh | sri narendra angandika ris | iku nakira dhawak | pun pandhe umatur | inggih sutèng ulun dhawak | sang nata ngling duk kapan môngsa sirèki | yèn aduwea anak ||

77. apan ingsun lawase udani | lamun kita aduwea anak | pun pandhe atur sêmbahe | inggih rêke pukulun | sayêktose gyan amba manggih | sang prabu angandika | nakira sun pundhut | pun pandhe atur sumôngga | duk samana tinumutakên sira glis | ing rare panakawan ||

78. lami-lami dènira angabdi | Siyungwanara asring kinon prang | ambêdhah nagara lyane | pisan pindho ping têlu | apan mênang dènira jurit | ngaturakên bongkokan | saboyonganipun | katur dhumatêng sang nata | sakalangkung asangêt sihing narpati | dhatêng Siyungwanara ||

79. saking sangêt sihingrèngsihirèng. narpati | kala samana Siyungwanara | saya katingal sêktine | apan saya kalangkung | pasihane sri narapati | datan kêna sinuda | dhatêng sang abagus | antuk pangawulanira | mring sang nata sinêngkakakên ing nginggil | jinunjung saking ngandhap ||

80. pan kinulawisudha sira glis | Siyungwanara jinunjung lênggah | ngaran Arya Banyakwidhe | salêksa

--- 1 : 52 ---

linggihipun | pinatêdhan kandhaga rukmi | ingakên putranira | alêlamak babudbabut (dan di tempat lain). | adalêm saloring pasar | kinawênangakên ing sore siniwi | anabuh lokananta ||

81. lan winênang anrapakên adil | wong dêdosan ingkang ukum lara | miwah ing ukum pêjahe | tan kocap laminipun | Arya Banyakwidhe turnya ris | dhatêng sri naranata | suwawi pukulun | kang abdi pandhe sadaya | ulun suwun akaryaa sanjata di | karya dandanan ing prang ||

82. dyan pinatêdhakakên sakwèhing | pandhe dhumatêng wau Ki Arya | ya ta wus rinèh gawene | Ki Arya lingnya arum | suta wangsaningong sakwèhning | ulun kinaryakêna | kunjara wêsiku | sadina mêngko dadia | sakwèh pandhe sadaya samya nanggupi | aturipun sandika ||

83. tan antara sakwèh karya sami | adamêl gêdhong wêsi saksana | nulya dadi tan asuwe | apan winèhan sampun | kang lêlangse Mandhalagiri | pêpajangan gumêbyar | kinasuran babud | gêguling sutra diwangga | tutup kaca gônda mrimrik. yèn tinon asri | lwir kaswargan ing donya ||

84. sêdhêng karya têkaa ajurit | nulya umatur dhatêng sang nata | mangkana wau ature | kawula darbe kaul | lamun ulun mênang ajurit | angaturi patikbra | adhahar anayub | wontên ing wisma kawula | sri narêndra wau dhatêng anjurungi | iya dhihin muliha ||

85. dene ing mêngko ingsun nututi |

--- 1 : 53 ---

sumusul marang ing wismanira | Ki Arya sigra ulihe | ya ta datan adangu | sri narendra tumutur nuli | wus rawuh ing karian | akasukan nutug | ya ta wuru-wuru dawa | sri narendra aningali gêdhong wêsi | asri tur pinapajang ||

86. warna endah swaranya kumrincing | pintunira mênga minêb dhawak | lwir yasèng dewa polahe | angandika sang prabu | hèh Ki Arya karya pa iki | anjênêngakên kita | ya gêdhong wêsiku | dening endah warnaneka | Radèn Arya Banyakwidhe matur aris | kinarya patilêman ||

87. sri narendra rêmên aningali | apan rêsêp ika wardayanya | sang nata sigra dan linge | apa wahananipun | kita rêmên sare ing ngriki | dyan umatur Ki Arya | rikalane lêsu | dumados sêgêr manahnya | yèn agêrah matêmahan dados atis | ywan atis dados gêrah ||

88. yèn sakit têmah waluya jati | yèn lêsu sêgêr têmahaneka | luwe warêg ing têmahe | sang nata ngandika rum | yèn mangkono aturirèki | Arya abêcik uga | paturonirèku | kang arupa gêdhong waja | yèn mangkono ingsun arsa anglêboni | sira angungkurêna ||

7. Pangkur

1. hèh Arya yèn sira suka | ngong asare ing gêdhongira iki | sadina wak ngong marlêsu | Ki Arya tur sumôngga | pan kawula taman rumaos gêgadhuh | saksana sri naranata | lumêbwèng kunjara wêsi ||

2. agya nulya inginêban |

--- 1 : 54 ---

kang panjara apan sampun kinunci | gya binêktarsa linabuh | maring kali Karawang | sri narendra sakalangkung dening bêndu | Arya apa dosaningwang | ngong kita labuh ing kali ||

3. Banyakwidhe saurira | iya ingsun dhingin duk maksih alit | apan ingsun sira labuh | anèng kali Karawang | sayêktine ing mêngko kita ngong labuh | ingsun amalês ing sira | sapa utang naur malih ||

4. wus linabuh sri narendra | anèng kali Karawang wus kabasmi | wontên ta lêlurahipun | têtiyang angandhaga | dyan lumayu umatur Radèn Susuruh | nênggih radèn rama kita | binasmi sampun ngêmasi ||

5. linabuh lèpèn Karawang | dening Arya Banyakwidhe ing nguni | bêndu Rahadèn Susuruh | sira nêmbang tangara | sampun pêpak sakèhe punggawanipun | gêgaman wus amalatar | tinon pindha wukir api ||

6. angrasuk busananing prang | Dyan Susuruh pan arsa angawaki | bubar gêgaman anggrêgut | ri kang wong karadenan | sumrêg ingkang gêgaman bêndhenya ngungkung | saksana Radèn Sêsêdhah | sigra anitih turanggi ||

7. wadya prasamya prayitna | Arya Banyakwidhe wus anèng puri | sakathahe wadyanipun | apan sampun prayatna | mêpak baris sêsanjata bala grêgut | sadandananing ayuda | prajurit wus amiranti ||

8. wus katur mring sira Arya | lamun Radèn Susuruh andhatêngi | saha bala soroh amuk | Ki Arya wus siyaga | dyan ingatag [ingata...]

--- 1 : 55 ---

[...g] kang bala mangsah anggrêgut | campuh cucuking ayuda | langkung ramening ajurit ||

9. lumbungan tangkêping yuda | pan arame acampuh sami wani | pruk ing endhe watang putung | apan pating garopak | wus akathah pêpati susun atimbun | sêsambating wong kabranan | kalintang anggêgirisi ||

10. wadyabalèng karadenan | pan kasoran kathah longe kang mati | prajurite sampun mawut | agya Radèn Sêsêdhah | angawaki rahadèn asoroh amuk | apindha sima ambabal | singa katêmpuh pan gusis ||

11. pangamukira rahadyan | ngobat-abit anglir banthèng akanin | singa katarajang mawut | têtiyang ing karian | sira Radèn Susuruh kudane lampus | adharat pangamukira | tan ana wani nadhahi ||

12. wus katur marang Ki Arya | raka kita ngamuk tan wrin ing ajrih | kang nama Radyan Susuruh | lêwih saking prakosa | wadya kita dahat jrih kathah kang lampus | Arya Banyakwidhe sigra | umadêg munggwèng sitinggil ||

13. saha mangagêm sanjata | Dyan Susuruh pangamuke mangungkih | wus lumêbwèng ngalun-alun | parêng katon sinipat | dening Ki Arya Banyakwidhe atangguh | ing rika Radyan Sêsêdhah | ikêt pinggangira kêni ||

14. rampung ingkang ikêt pinggang- | nya awirang radyan tyasnya wus miris | Radyan Susuruh wus kondur | saha wadya wus têlas | kapalayu sira Rahadyan Susuruh | ngetan bênêr lampahira | kandhêg desa Kaligunting ||

15. nulya ingalap [ingala...]

--- 1 : 56 ---

[...p] atmaja | mring sira ni rôndha ing Kaligunting | apan lêwih trêsnanipun | lwir suta gwan ayoga | nyai rôndha mring sira Radyan Susuruh | dhasar rôndha tan sêsuta | sira Nyai Kaligunting ||

5. Radèn Susuruh oncad saking Pajajaran lajêng têtruka wontên ing Majapait

16. dyan kawarnaa sirarya | Banyakwidhe apan wus madêg aji | ana ing dalêm kadhatun | kèdhêp sarèhanira | sri narêndra aswarèng ring wadyanipun | sakwèhning wong Pajajaran | wong desa mwang têkèng wukir ||

17. aywa na wani kanggonan | mring Si Suruh iya yèn ana wani | saèstu yèn satruningsun | ingkang wani kanggonan | ingsun tumpês saanak lan putunèku | ya ta ri kang kawarnaa | Nyai Rôndha Kaligunting ||

18. miyarsa swarèng narendra | langkung ajrih kumitir ing jro ngati | saksana sira agupuh | mring sadulure lanang | kaprênah anèm katiga samya jalu | Ki Wiro ari tumulya | ari malih ran Ki Nambi ||

19. pamêkas aran Ki Bandar | kaya priye yayi sira ngong tari | dening undhange sang prabu | sapa ri kang kanggonan | mring Susuruh tinumpês nak putunipun | ngong iki mring gustinira | Susuruh kalangkung asih ||

20. lwir suta gwan ngong ayoga | yèn parastra ngong umiring ngêmasi | mring gustinira Susuruh | arinya samya mojar | yèn maksiha sadulur kita têtêlu | sampun kuwatir ing nala |

--- 1 : 57 ---

sayêkti ulun tanggoni ||

21. dukane sri naranata | arinira katiga samya kering | dhumatêng ing wismanipun | ni rôndha sampun prapta | Radèn Susuruh apan sampun katêmu | ya ta wus tata alênggah | angling Ki Wiro Ki Nambi ||

22. lah gusti sampun gya maras | tyas paduka dening undhang narpati | yèn dhatêng ing têmah besuk | ulun kang tumanggala | ananggoni ring dukanira sang ratu | nadyan dhumatêng ing pêjah | ulun apan tan gumingsir ||

23. Radèn Susuruh gya mojar | ngong tarima sihira marang mami | nanging ing pangrasaningsun | sira otota kawat | bêbalunga wêsi rèhing wong têtêlu | lah môngsa sira nônggaa | marang ing sri narapati ||

24. lah ingsun apamit paman | lah karia ingsun kesah pribadi | Ki Wiro Nambi umatur | inggih ulun punika | pêjah gêsang pangeran pan ulun tumut | ing pundi sapurug radyan | apan ingong anut wingking ||

25. ni rôndha asêmu waspa | sêdya tumut Ni Rôndha Kaligunting | wus dandan sabrayanipun | ya ta anulya bubar | awatara wong satus kang atut pungkur | ngetan bênêr lampahira | saha ni rôndha tan kari ||

26. Ki Nambi Wiro turira | maring radèn punika yèn suwawi | dawêg sami minggah gunung | nênggih ing wukir Kombang | wontên Ajar atêtapa sampun sêpuh | sidik ingkang pangandika | punika yogya ingungsi ||

27. manawi asuka têdah | sira Radyan Susuruh angrêmbagi | anulya samya lumaju | munggah

--- 1 : 58 ---

ing gunung Kombang | sampun prapta wau sasukuning gunung | apan wukir Kombang ika | kalangkung dening asingit ||

28. kahyanganing parayangan | myang lêlêmbut pêri kalawan êjin | mangkana ingkang winuwus | ri kang tapa ing arga | lêwih sêktinira ya ri kang jêjuluk | Ki Ajar Camaratunggal | satingalira wus sidik ||

29. têrus lan sêsabdanira | pan abala parayangan lan êjin | sumuyut ing sang awiku | lêlêmbut nuswa Jawa | ring ngêndi kang nora aseba anungkul | mring Ajar Camaratunggal | lêwih saking sang ayogi ||

30. nadyan akathaha Ajar | tan ana lwir Ajar Camaratunggil | kawibawan pindha ratu | dadya ing saciptanya | bisa anom bisa cilik bisa sêpuh | apan wus angraga suksma | saha karya raras ati ||

8. Mijil

1. Ki Ajar Camaratunggal angling | mring cantrikira lon | lan uluguntung myang panantange | miwah manguyu lawan wêwasi | lah saosa sami | sakwèh dasih ingsun ||

2. apan ingsun kadhatêngan mangkin | lah iya ing mêngko | lagya ana ing marga lampahe | asmu amangun brôngta ing galih | tilasing amukti | têdhaking wirya gung ||

3. apan iku atmajèng narpati | kawon ing palugon | lah payo anggêgêlara age | iya kalasa kalawan lampit | babud gonên lapis | ri sawusing patut ||

4. saosana caratan kang rêsik | kang cêcêk mas kaot | lan pra wêwasi pêpakên kabèh | gêntha kêkêlèng [kê...]

--- 1 : 59 ---

[...kêlèng] tabuhên aglis | wau kang winarni | Rahadèn Susuruh ||

5. lampahira sumêngka ing ardi | asingit aewoh | ampuhan sami mapag swarane | awor lawan udan riwis-riwis | lesus gêng wor angin | wrêksa gêng kèh rubuh ||

6. sela gêng lorod ladhu umili | ing kali umisor | udan awu drês ngarga dhêdhête | gumrah swarèng tawang prayangan jin | yèn janmaa sami | mapag gusti rawuh ||

7. prapta sakèhing dhêdhêmit sami | dening sang palunggoh | anabuh gêntha lan kêkêlènge | mila prapta sakathahing êjin | apan anambrami | dening gustinipun ||

8. kadhatêngan sinatriya adi | amangun wirangrong | dyan kawarnaa radèn lampahe | mèh prapta awan bingung ing margi | Dyan Susuruh angling | ing jro kalbunipun ||

9. dening alêwih singite iki | ingkang adhêdhepok | ana ing gunung Kombang ing kene | sigra radèn amyarsa ungêling | gêntha kêlèng muni | radèn gya andulu ||

10. padhang ujwalèng raditya mijil | wus sirna tan katon | sakèh ngampuhan pêtêng suwene | gya Rahadèn Susuruh ningali | camara satunggil | sapucaking gunung ||

11. saha sanggar langgatan kaèksi | radyan angling alon | lah baya iki paman dhepoke | Sang Wiku Ajar Camaratunggil | lah payo dèn aglis | umunggah mandhuwur ||

12. narpati putra sumêngkèng nginggil | agrèng arga rawoh | kang umiring mandhêg ing pintune | lajêng lampahe [la...]

--- 1 : 60 ---

[...mpahe] datanpa kanthi | malêbêt pribadi | rahadèn wus lungguh ||

13. wus apanggih lawan sang atapi | atata alunggoh | munggwèng sanggar langgatan prênahe | lingnya Ki Ajar angacarani | lah bagea gusti | ri kang anyar rawuh ||

14. teja sulêksananing abêcik | lah sang bagus anom | ing wingking ing pundi pinangkane | ing ngarsa pundi sinêdyèng ati | sintên kang wêwangi | rahadèn umatur ||

15. lampah ulun satindak puniki | lan kêkêtêg ingong | sadêmi môngsaborong cêthane | hyang kaki dhatêng ing lampah mami | mèsêm sang palinggih | saha ngandika rum ||

16. bênêr kaki salingira ugi | apa pedah ingong | pun kaki anèng pucak wukire | mangan barêbêkaning kaywaking | yèn tan wruha kaki | ing sêdyanirèku ||

17. angur aja têtapaa mami | amucak miranggo | iya marmanira praptèng kene | munggah ing pangajaran asungil | sêdyanira ugi | dhapur prang kaburu ||

18. amungsuh wangsanira pribadi | mila sira mêngko | mring wukir arsa tumut rahadèn | adhêdhukuh nuntumakên api | apa iya ugi | mangkono karsamu ||

19. radèn umatur saha wotsari | èstu sang palunggoh | sêsangat pan tan wontên sisipe | apan ulun wus tan polih angling | sosiking tyas nguni | kawêngkwèng sang wiku ||

20. Ki Ajar Camaratunggal angling | lah ta putuningong | wus sun tarima ing sakajate | rèhning arsa tumut manguntapi | lah sun ampah mangkin |

--- 1 : 61 ---

karsanira iku ||

21. aywa sira kaki milu nêpi | maring raganingong | apan sira tan winênang radèn | ywan umiringa tapa ing wukir | apan cupêt kaki | panjênêngan ratu ||

22. iya panjênêngan Ratu Jawi | iku tan apaos | sira Radèn Susuruh dan linge | inggih ing raga ulun puniki | punapa sarèhing | hyang kaki ngong anut ||

23. Ki Ajar Camaratunggal angling | iya putuningong | lah idhêpên tudhuh ingsun mangke | sira ngetana bênêr tumuli | lakunira iki | besuk yèn anêmu ||

24. witing maja uwohe sawiji | apait kang raos | ing kono sira mandhêga age | banjur sira dhukuhana ugi | aywa mentar malih | kêkalakêkaha. ing ngriku ||

25. wruhanira kaki iku benjing | minôngka karaton- | nira têtêp dadi praja gêdhe | ing sirah kêpuh iku ing benjing | iya iku ugi | dadi alun-alun ||

26. apan wus pinêsthi sira benjing | mring dewa kang kaot | dadi suluhe nagara têmbe | iya panjênênganira aji | wruhanira kaki | têdhak nganak putu ||

27. buyut canggah satêdhakirèki | apan dadi katong | ya amêngku ing nuswa Jawane | lah kaki uwis aja prihatin | iya sira benjing | amalêsa ukum ||

28. mring Ratu Pajajaran sirèki | nanging ta ing mêngko | tan linilan yèn malêsa mangke | lagi malês yudanira ugi | lah maninge kaki | yèn sira tan wêruh ||

29. iya marang jênêng

--- 1 : 62 ---

ingsun iki | sayêktine ingong | dudu Ajar ingkang satêmêne | apan putri Pajajaran mami | aringong tumuli | eyangira iku ||

30. apêputra mring ramanirèki | kang lina ingobong | karananingsun kesah purwane | saking nagara pan ingsun ugi | kacarita putri | lêwih saking ayu ||

31. sakèhe putri ing tanah Jawi | tan atandhing ingong | amung ingsun putri ayu dhewe | sakwèh para ratu tanah Jawi | anglamar ing mami | nanging sun tan ayun ||

32. saking sangêt ngong tan arsa krami | gya dinukan ingong | dening rama asangêt dukane | ya ta sun rasa-rasa ing galih | tansah karya agring | ing yayah lan ibu ||

33. tumulya ingsun kesah ing wêngi | murca sing kadhaton | ngong mêtu ngurung-urung warihe | manjing mêdal wana lampah mami | nut iringing ardi | lampah ngong andarung ||

34. nulya gunung Kombang ngong unggahi | praptèng pucak ingong | ya ta ana kayu camarane | satunggal iku gon ngong anêpi | mêngko iku maksih | rupane kang kayu ||

35. sigra Ki Ajar asalin warni | nira nguni wadon | rupa wanodya lêwih ayune | anglir widadari saking swargi | cahya mindha sasi | ujwala sumunu ||

36. gêbyaring sarira anêlahi | pan asor paraos | kagyat Radèn Susuruh tingale | aningali warnane sang putri | jêngêr tan kêna ngling | suwe wadinipun ||

37. marma mangkana de salamining | radèn dèrèng

--- 1 : 63 ---

tumon | warna kadi sang putri ayune | radèn wus liwung tan ana kèksi | mung sang kadya ratih | kang tansah ing kalbu ||

38. liwunging tyas rahadyan anuli | nyandhak asta gupoh | sang kusuma yu nginggati age | sarya ngling lah ta arsa punapi | têka tanpa krami | lir awuru gadhung ||

39. nahan dènira tanpa wêwadi | lir wong tanpa tudoh | sira iki kerut warni bae | mapan wong apinto ingsun iki | munduran ing mangkin | arêp sira tuku ||

40. rahadèn sangêt sangsayèng galih | èngêt putrèng katong | datan etung duga prayogane | amung sang kadya ratih kaèsthi | gya tinubruk wani | saksana sang arum ||

41. musna saking ngarsaning sang pêkik | samana sang anom | saicale sang rêtna rahadèn | aniba sangêt dera tan eling | salêlirirèki | rahadèn gêgêtun ||

42. sangêt anjêngêr datanpa angling | mung sang liring sinom | kang tansah kadya na sumandhinge | ri kang akarya brôngta wiyadi | saking byatning brangti | lingnya salah dunung ||

43. maring ngêndi paranira gusti | kusumaning sinom | binêktaa mirah gêgêbale | dinasihêna tumêkèng pati | kawulane gusti | anut ing sakayun ||

44. iya tega têmên tilar dasih | kang sangêt anglamong | marang ngêndi paranira anggèr | bok iyaa tolih dasihnya gring | yèn tan wruhèng gusti | kawulèstu lampus ||

45. Ki Ajar ing gunung KêmbangKombang. nuli | umulat agupoh | apan sampun warni [war...]

--- 1 : 64 ---

[...ni] Ajar malèh | wus abusananing Ajar nênggih | anyangkêlang kudhi | wus awayah sêpuh ||

46. Radèn Susuruh wau ningali | mring Kyajar waspaos | wus alinggih Ki Ajar praptane | radèn putra wus emut ing galih | sigra anungkêmi | mring padèng sang wiku ||

47. sarya matur radèn asmu tangis | mring sang apalunggoh | saha tur prasêtya ing dedene | lan anuwun apuntêning sisip | ngandika sang yogi | aja sira muhun ||

48. pan wus jamaking wong kakung kaki | kagebang ing wadon | kêna ingowah lawan gingsire | apan uwus bubuhaning janmi | amung ingsun kaki | mêngko duwe tuduh ||

49. iku sira lakonana kaki | iya tuduh ingong | apan tinêkan sira ing têmbe | apa ing sasêdyanira benjing | mapan ingsun iki | manuswa satuhu ||

50. saking sangête ing tapa kaki | mila lêwih ingong | ing asêpi iya iku radèn | yêkti nora wêruh marang mami | lan winênang malih | ingsun dadya jalu ||

51. lan winênang ingsun dadi èstri | dadi tuwa anom | luput ing lara lawan patine | iya besuk ingsun kênèng pati | yèn dina ing akir | kiyamat ing besuk ||

52. dene benjing sira uga kaki | patêmon lan ingong | nanging nyata ta dudu ing kene | gon ingsun atêmu lan sirèki | benjing sun apanggih | lawan kita putu ||

53. yèn sira benjing wus madêg aji | amêngku [amêng...]

--- 1 : 65 ---

[...ku] kadhaton | lan angrèh ing tanah Jawa kabèh | lan benjing sun ngalih saking ngriki | ya ing Tasikwêdhi | kaki nagarèngsun ||

54. ring kono ingsun jumênêng aji | iya balaningong | parayangan lan êjin sakèhe | wis ing kono benjing sun angalih | ya kadhaton mami | Pamantingan iku ||

55. dene wadyabalaningsun benjing | sakwèh para katong | lêlêmbut ing nuswa Jawa kabèh | nulyèngsun benjing karya pêpatih | arya lan dipati | wadya ji tumênggung ||

56. rôngga dêmang kalawan ngabèi | pêcatôndha kaot | kandhuruan myang ondhamoine | nanging ingsun ngawula ing benjing | marang ing sirèki | wruhanira iku ||

57. iya anak putunira benjing | madêg nata kaot | angadhaton lor Pamantingane | iya sakidul gunung Marapi | iku ingsun benjing | ngèstu padèng prabu ||

58. wruhanira kaki iku benjing | singa madêg katong | amêngku ing tanah Jawa kabèh | apan iya dadi laki mami | èngêtana kaki | lawan malihipun ||

59. kalamun sira amanggih wèsthi | pan undangên ingong | iya nuli ingsun prapta age | yèn ana suraking tawang benjing | pracina yèn prapti | kaki lakuningsun ||

60. apa sakarsanira ing benjing | nora kantun ingong | kaparentah sun mring sira têmbe | iya saosikira ta kaki | punang jin tan kari | lan kang manusèku ||

61. lah uwis mangkata sira [si...]

--- 1 : 66 ---

[...ra] kaki | ngetan aywa menggok | lakunira aywa nolèh-nolèh | jujuga kita ing lurah radin | araning nagari | iya Singasantun ||

62. nanging ta wêwêkas ingsun kaki | mring sira agatos | lah têguhêna dèn satuhune | wusnya têlas pamêkas nulya mit | radyan mangkat aglis | sang durma sing gunung ||

9. Durma

1. Radèn Susuruh têdhak saking ing arga | lampahe tan anolih | lan sarencangira | têtiyang satus ana | anêrajang wana giri | wêwêkasira | Ki Ajar kang kaèsthi ||

2. ngetan bênêr lampahira rajaputra | datan kawarnèng margi | rahadyan ararywan | anèng ngandhaping maja | uwohe amung sawiji | radèn ngandika | ambilên woh puniki ||

3. wus ingambil ya ta anuli dhinahar | raosipun apait | rahadèn ngandika | sanak ingsun sadaya | ingsun dhêdhukuh ing ngriki | padha gawea | omah sadaya sami ||

4. sun arani ing Majapait kang desa | ya ta wong satus sami | tumut adhêdhêkah | sami akarya omah | anèng dhukuh Majapait | sira rahadyan | amaluku pribadi ||

5. pakartine sami agaga sêsawah | akèh têtiyang prapti | ngêtutkên awisma | apan sami karasan | awisma ing Majapait | sangsaya lama | têtiyang kathah prapti ||

6. pasaripun agêng pan kadi nagara | pandhe kalawan gêndhing | myang sayang kêmasan | miwah para sudagar | awisma ing Majapait | sami

--- 1 : 67 ---

karasan | mirah sandang lan bukti ||

7. padhêkahan apan wus dadi nagara | ingaran Majapait | apan wus kaloka | ing kèh kajana priya | padhêkahan Majapait | jêmbar arata | salwir tinanêm dadi ||

6. Nagari Pajajaran bêdhah, Radèn Susuruh têtêp jumênêng nata ing Majapait run-tumurun

8. ênêngêna ingkang lagi têtaruka | kang winursita malih | sira Arya Bangah | nagarine pan risak | ing Galuh ingkang nagari | pan linurugan | dening sri narapati ||

9. ing Pajajaran lumampah saha bala | tan kawarna prangnèki | Galuh wus kabêdhah | ing Prabu Pajajaran | wong cilik dipun boyongi | pan jinarahan | wau sajroning puri ||

10. Arya Bangah apan lumayu mangetan | langkung kawêlas asih | wau ingkang kesah | saking nagaranira | anjujug ing Majapait | datan winarna | ing marga sampun prapti ||

11. ing Majapait wau Ki Arya Bangah | panggih lawan kang rayi | Ki Susuruh sira | sami arêrangkulan | adhuh kakang kadang mami | dumèh punapa | têka kesah pribadi ||

12. Arya Bangah saure asêmu waspa | yayi nagara mami | ing Galuh binêdhah | dening Siyungwanara | sadaya dipun boyongi | yayi manira | kacandhaka ngêmasi ||

13. nanging wartane Sang Prabu Pajajaran | katiga besuk iki | apan yayi sira | akarsa linurugan | anggêcak ing Majapait |

--- 1 : 68 ---

kalamun rêmbag | alah yayi suwawi ||

14. ing Pajajaran lah nêdha linurugan | rinêbut ing ajurit | Rahadyan Sêsêdhah | langkung awlasing raka | lah inggih kakang sawawi | mring Pajajaran | samya pulih ing jurit ||

15. Paman Wiro Paman Nambi Paman Bandar | têtiyang Majapait | saanane paman | pakênira pêpaka | payo anglurug tumuli | mring Pajajaran | pan wus ungsume mangkin ||

16. tan kawarna rahadèn sampun lumampah | saha bala ngajrihi | maring Pajajaran | ya ta datan kawarna | solahira dènya jurit | ing Pajajaran | wus kabêdhah kabêsmi ||

17. binoyongan têtiyang ing Pajajaran | marang ing Majapait | cacahing têtiyang | pan tigang èwu ana | mangke pan dados sakêthi | lan pitung lêksa | cacahing Majapait ||

18. Kyai Wiro Nambi Bandar aturira | punika yèn suwawi | paduka rahadyan | jumênênga narendra | wontên kitha Majapait | anggêntosana | aparentah sa-Jawi ||

19. Radèn Susuruh angling lah karsanira | ingsun têka lumirig | wus jumênêng nata | Radyan Susuruh sira | akitha ing Majapait | suyud sadaya | tiyang sanuswa Jawi ||

20. Arya Bangah ngalih ran Arya Panular | ya ta jinunjung linggih | Ki Wiro punika | anama Patih Wahan | Ki Bandar lawan Ki Nambi | jinunjung lênggah | sami kinarya mantri ||

21. lami-lami sri narendra apêputra | nênggih ingkang wêwangi | prabu anom sira | awisma loring pasar |

--- 1 : 69 ---

samana rêkyana patih | sampun pêputra | anênggih kang wêwangi ||

22. iya kang anama Dipati Udara | tinanêm ing Kadhiri | wus ing lama-lama | sri narendra pralina | prabu anom anggantyani | mring ingkang rama | jumênêng Maospait ||

23. Patih Wahan apan ta maksih agêsang | maksih dados pêpatih | amomong sang nata | kawarnaa samana | sang nata arsa cangkrami | maring ing wana | anggrit banthèng jêjawi ||

24. Patih Wahan umatur dhatêng sang nata | patikbra yèn suwawi | sampun acangkrama | dhatêng ing wanawasa | manah ulun pan kuwatir | maring sang nata | pan tiyang Majapait ||

25. manahipun pan dèrèng suyud sadaya | dhatêng sri narapati | pae rama tuwan | tiyang suyud sadaya | miwah wong môncanagari | dhatêng paduka | manahe dèrèng radin ||

26. benjang cangkramaa dhumatêng ing wana | yèn wadya sampun radin | prabu anom sira | lintang dènira duka | wau dhatêng ki apatih | sêngêring duka | katawis jaja abrit ||

27. kumêdut padoning lathi sri narendra | wadana lwir sinêbit | kadya manuwêka | ring kang wong tatan dosa | gya kôndur sri narapati | manjing jro pura | luwaran ingkang nangkil ||

28. yeka na wong kadipatèn ingkang lama | namanya ingkang dasih | pun Ujungsabata | lurahe kajinêman | winênang sabèng jro puri | mawas yèn duka | Sang Sri ing Maospait ||

29. ya

--- 1 : 70 ---

ta manjing jro pura tanpa larapan | gya matur ing narpati | ing atur patikbra | wau pun Patih Wahan | aturipun ing narpati | tampi patikbra | ature pun apatih ||

30. tiyang kêdah angèwêdi panjênêngan | paduka sri bupati | tiyang Majalêngka | tan wontên makatêna | anggêpipun mring sang aji | suyud sadaya | lair tumêkèng batin ||

31. rumiyin cuwa angabdi rama nata | sêpuh kasêlak lalis | mangke kagêntosan | dhateng sri naranata | suka tiyang Majapait | para punggawa | miwah para dipati ||

32. sami sakeca asuka bêbadhayan | wutah boga lan bukti | sajênêng paduka | mirah sandhang lan pangan | eca manahe wong cilik | tiyang adagang | alayar samya bathi ||

33. sami angalêm mukjijatmukjijating. ing narendra | nuwuki wadya alit | datan wontên aprang | tulus jênêng sang nata | eca manahing wong tani | pun Patih Wahan | rumiyin darbe janji ||

34. inggih kalih rumiyin rama andika | sarêng mati saurip | ramandika tilar | pun patih tan abela | dumadi cidra ing jangji | pun Arya Wahan | dosane aming kalih ||

35. kang kariyin abôngga dhatêng sang nata | kalih cidra ing jangji | yèn suwawi karsa | pun patih abelaa | dhatêng rama sri bupati | angsala swarga | patine pun apatih ||

36. inggih margya paduka kang mêjahana | asuka sri bupati | dènya amiyarsa | turnya Ujungsabata | dhumatêng sri narapati | dyan pinaringan |

--- 1 : 71 ---

dhuwung dening sang aji ||

37. ingkang wasta dhuwung Kyai Jangkungpacar | iki wrangkakna aglis | maring kapatihan | ya ta Ujungsabata | atur sêmbah nulya amit | mêdal ing jaba | wus sumurup hyang rawi ||

38. Ujungsabata tumamèng kapatihan | watara têngah wêngi | Ki Apatih Wahan | apan dèrèng anendra | akalihan lan kang rabi | Ki Arya Wahan | angling marang kang rayi ||

39. dèn prayitna sira yayi ariningwang | ing mêngko ana maling | wus karsaning dewa | yayi pan umur ingwang | mung kari sawêngi mangkin | pinundhut dewa | sira ywa brôngta kingkin ||

10. Asmaradana

1. lamun ingsun ora mati | ing sawêngi mêngko iya | pasthi dawa umur ingong | ujêr sang prabu taruna | anggêguling tan yêktya | Ujungsabata turipun | apan ika wong durjana ||

2. kudu ginugu sang aji | iya ta môngsaboronga | sang aprabu pandugine | nanging mêngko yayi ingwang | lah mêngko umpêtêna | ana ing lêlangit ingsun | sakèhe wong kapatihan ||

3. padha akêmitèng kami | ing sawêngi mêngko uga | lah padha mêlèka kabèh | mêngko ana maling guna | kiya patih gya nendra | ing langit prênahanipun | anèng saluhuring kajang ||

4. Ujungsabata angrampid | anjêjêp jawining lawang | amirsa gumrah swarane | kang akêmit nèng pasowan | dèrèng wontên anendra | ana mêmaca angidung | ana ingkang cêcarita ||

--- 1 : 72 ---

5. Ujungsabata rudatin | kalangkung kewran ing manah | ya ta amatêk ajine | ingkang aran Begananda | ping tiga jêjak lêmah | saryanjungkir lampahipun | anaut siti ping tiga ||

6. dènira anaut siti | agya kinarya bêbalang | marang kang kêmit sakèhe | saksana sami anendra | kang kêmit ting gulasah | gènnya turu anglir lampus | sigra pun Ujungsabata ||

7. malêbêt ing dalêm puri | anjujug ing pasarean | ki apatih tan kapanggèh | ya ta Ki Ujungsabata | kewran sajroning nala | angèngêt-èngêt ing kalbu | yèn ki patih rêmên kuda ||

8. Ujungsabata nulya glis | anuli dhatêng gêdhogan | nguculakên kulakuda. age | kuda giro anèng latar | ambrêngingih swaranya | kagyat ki patih angrungu | sigra nyêluk cawisira ||

9. wong gamêl tangia aglis | iku ucul kudanira | lêbokênèng gêdhogane | Ujungsabata uninga | yèn ki patih umpêtan | luhuring kajang gènipun | anulya pinarêpêkan ||

10. kajang winiyak aririh | saksana Ki Jangkungpacar | anulya tinarik age | dhatêng Ki Ujungsabata | iku pan gêgadhuhan | yêkti tan ana wong têguh | ya ta ki rakyanarêkyana. patya ||

11. sigra ginoco tumuli | satuwuk rêkyana patya | dèrèng uningèng gêtihe | parandene mangke têdhas | ki patih wus pralina | anak rabine pinundhut | dinalêmakên sadaya ||

--- 1 : 73 ---

12. sampune pêjah ki patih | samana sri naranata | anutugakên karsane | acangkrama maring wana | saha mantri punggawa | anggrit banthèng sangsam agung | sang nata kalangkung suka ||

13. wus watêking acangkrami | yèn kasukan buron wana | samya nêkakkên sukane | supe yèn rumêksèng nata | watak nêkakkên suka | sang nata dènya amburu | pisah lan mantri punggawa ||

14. sang nata kantun pribadi | amung lan kang para garwa | eca asuka sang katong | mangke ingkang kawarnaa | putranira ki patya | jalu sampun darbe lungguh | kang aran Radèn Udara ||

15. wibawa anèng Kadhiri | sampun amiyarsa warta | yèn kang rama wus pinatèn | ibu lan kulawangsanya | dinalêmkên sadaya | dhatêng sira sang aprabu | saksana Radèn Udara ||

16. sigra anitih turanggi | anandêr atilar bala | anjujug ing wana age | sang prabu anom kapêdhak | eca tyasing narendra | anggêrit lan garwanipun | samana Radèn Udara ||

17. angêmbat lawung kumitir | prabu anom linarihan | aniba nulya sedane | gègèr wong sapagrogolan | gumuruh awurahan | ri sampuning mangkanèku | prabu anom putranira ||

18. Radèn Adaningkung nênggih | kêkasihing rajaputra | gumantya umadêg katong | Radèn Adaningkung ika | anulya apêputra | nama Radèn Hayamwuruk | Hayamwuruk apêputra ||

19. nama Lêmbuamisani | apêpatih Dêmangwular | kala jênêngira katong |

--- 1 : 74 ---

Lêmbumisani pêputra | namane putranira | anênggih Radèn Bratanjung | Radèn Bratanjung pêputra ||

20. akêkasih Radèn Alit | kang jumênêng Brawijaya | Gajahmada pêpatihe | wêkasan suka wibawa | iya Sang Brawijaya | jangkêpe ing têdhak pitu | panjênêngan Majalêngka ||

21. samana sri narapati | kalanira asupêna | kacatur kala asare | Brawijaya Majalêngka | malêm Gara Kasihnya | supênanira sang prabu | apan katingal akrama ||

22. antuk putri ayu lêwih | putrine Sang Rajèng Cêmpa | sawungunira asare | dupi enjing sri narendra | miyos sinebèng bala | têdhak saking sitiluhur | pinarêk ing pagêlaran ||

23. pêpak sagung para mantri | tumênggung ngabèi dêmang | arya kalawan ranggane | ki apatih munggwing ngarsa | sang nata angandika | mring Patih Gajahmadèku | hèh apatih wruhanira ||

24. kala ngong sare angimpi | katingal ingsun akrama | lan putri lêwih ayune | putrine Raja ing Cêmpa | lah patih apa ana | praja aran Cêmpa iku | ki apatih atur sêmbah ||

25. kawula mirsa dewa ji | nagaryèng Cêmpa punika | pamirsa kawula anggèr | prênahipun tanah sabrang | dede nagari Jawa | ngandika malih sang prabu | mring Ki Patih Gajahmada ||

26. yèn mangkono sira patih | maringa nagara Cêmpa | sun kongkon sira wiyose | nglamara putri ing Cêmpa | iku patih dèn kêna |

--- 1 : 75 ---

mêtua Grêsik sirèku | apatih matur sandika ||

27. sang nata jêngkar tinangkil | malêbêt ing dhatulaya | ginarbêg ing para wadon | sêlir kalawan badhaya | para mantri wus bubar | sadaya sampun umantuk | kawarnaa ki apatya ||

28. sampun umangkat sira glis | praptèng Garêsik lampahnya | wus numpak ing palwa age | alayar ing dalu siyang | tan kawarna ing marga | praptèng Cêmpa lampahipun | wus marêk Sang Natèng Cêmpa ||

29. sang nata lagya tinangkil | pêpak kang mantri punggawa | ya ta kagyat sang akatong | kalamun ana dhatêngan | sang nata angandika | hèh duta sira kang rawuh | lah sira dutane sapa ||

30. lan sapa namanirèki | ki apatih atur sêmbah | inggih kawula sang katong | kang putusan Prabu Jawa | putra tuwawan Sang Nata |Lebih satu suku kata: putra tuwan sang nata. Majalêngka prajanipun | ingkang ngutus ing kawula ||

31. nama kawula dewa ji | anênggih pun Gajahmada | pêpatihe putra katong | dene ing lampah kawula | ingutus ngaturêna | nawala dhatêng sang prabu | punika ingkang nawala ||

32. sigra tinampèn kang tulis | winaos sinuksmèng driya | wus kadhadha saraose | ungêle punang nawala | yèn mungal angalamar | wusnya maos surat tutug | nulya jêngkar sri narendra ||

33. umantuk malêbèng puri | ginarêbêg ing wanodya | kacatur putra sang katong | apan kathahe têtiga | kang pambajêng wanodya | samyèstri panggulunipun | wuragil jalu punika ||

--- 1 : 76 ---

34. kang èstri samya yu lêwih | kang jalu bagus anawang | sapraptaning jro kêdhaton | sang nata wus panggih sira | kalawan grahanira | nalika winartan sampun | yèn linamar ingkang putra ||

35. apan ta sampun tinari | putranira ingkang tuwa | saking ajrih ing ramane | dadya tumurun ing rama | sigra kinèn adandan | sang putri samêkta sampun | kang ibu asmu karuna ||

36. gumêrah tangis jro puri | ri sampunira adandan | anggêgawani sang katong | dhumatêng ing putranira | gong pun sêkar dalima | titihan Ki Balelumur | garêbong myang panggêritan ||

37. awasta Ki Jêbatbèdri | Ki Bêlawong katiganya | kang ginawakkên putrane | pawongan miwah raja mal | lawan kang sêsandhangan | sang nata aris amuwus | ki apatih tinimbalan ||

38. prapta ngajêngan narpati | ki apatih ingandikan | lah uwis gawanên age | patih iku anak ingwang | sartane sêrat ingwang | katura ing sang aprabu | anak ingsun Majalêngka ||

39. Gajahmada awotsari | sigra tumulya umangkat | sang putri binêkta age | sang prabu ngatêrkên putra | tan kawarna ing marga | ing pasisir sampun rawuh | sigra numpak ing baita ||

40. sang nata wangsul pasisir | ya ta Patih Gajahmada | ngruhunakên utusane | kinèn ngaturi uninga | dhatêng Sang Brawijaya | yèn saputri anèng ênu | tan kawarna polahira ||

41. Sang Nata ing Maospait | samana karsa amapag | dhatêng sang

--- 1 : 77 ---

putri praptane | mring Garêsik karsanira | sigra mangkat sang nata | sawadya ngiring gumuruh | praptèng Garêsik saksana ||

42. Patih Gajahmada prapti | ing Garêsik sampun mêntas | saking muara êntase | saha sang putri binêkta | Ki Patih Gajahmada | sampun panggih lan sang prabu | kang sêrat katur sang nata ||

43. winaos sinuksmèng galih | saungêle kang nawala | wus kadhadha saraose | suka tyasira narendra | sigra sang nata mapag | ing praptane sang rêtna yu | wus panggih sarêng tumingal ||

44. lwir surya kalawan sasi | dènira sarêng tumingal | sang putri lawan sang katong | sang putri nulyanjum asta | gya ngaras padèng priya | rinangkul lajêng sinambut | sang putri dhatêng sang nata ||

45. sigra ingêmban tumuli | anulya binêkta minggah | dhatêng titihan garêbong | sang nata nitih kalihan | sigra umangkat sira | kôndur dhatêng Majalangu | kang wadyabala sumahab ||

46. têtabuhan anut margi | tan kawarna lampahira | rawuh ing Majapaite | lajêng malêbêt jro pura | tan winarna samana | siyang dalu sang aprabu | datansah apêpasihan ||

47. datatita linging nguni | kocapa malih ing Cêmpa | atamian sang akatong | ran Makdum Brahim Asmara | ika matur sang nata | tuwan Islama sang prabu | yèn tuwan ora Islama ||

48. sangêt dukaning Hyang Widi | mangkana sri naranata | ing Cêmpa anut kemawon | sang nata pan sampun Islam | sarta wong sanagara |

--- 1 : 78 ---

samya têtêp gamanipun | Makdum Brahim tinariman ||

49. atmajanira sang aji | kang tinarimakkên ika | putra ingkang panênggake | sampun akumpul samana | lan Makdum Brahim ika | wus lama datan winuwus | Rajèng Cêmpa sampun lina ||

50. sasedanira sang aji | kagantyan putra pamêkas | jalu kang umadêg katong | wontên ing nagari Cêmpa | Makdum Brahim Asmara | dadya kaipe sang prabu | Makdum Ibrahim winarna ||

51. sampun pêputra kêkalih | samya jalu putranira | ênêngna tan winiraos | nuswa Jawa kang kocapa | nagari Majalêngka | gêmah raharja kalangkung | murah kang sarya tinumbas ||

52. tulus tinandur wadya lit | murah sandhang lawan pangan | wadya lit kwèh suka sugèh | sajênênge Brawijaya | ana ing Majalêngka | sigêgên datan winuwus | ing mangke kang kawarnaa ||

7. Lêlampahanipun Arya Dilah

53. nênggih samadyèng wanadri | kacatur wontên rasaksa | lan rasaksi sadulure | apan iya roro sanak | ika sami pratapa | rasaksa lan rasaksiku | ni rasaksi ika ngucap ||

54. dhatêng ing kakangirèki | kakang arsa laki ingwang | mring Natèng Majapaite | kang kêkasih Brawijaya | kadya pa pakênira | ki rasaksa alon muwus | dening tan pangrasa sira ||

55. andupara ta sang aji | yayi yèn arsa ing sira | rupamu [ru...]

--- 1 : 79 ---

[...pamu] kaya mangkono | remanira jatha gimbal | lan siyungira uga | sacarak sisih dinulu | kudu arsa laki nata ||

56. kang amêngku nuswa Jawi | kang ginunggung para nata | apan bupati sakèhe | padha atur putri endah | miwah nagari sabrang | samya atur putri luhung | kang sami ayu utama ||

57. kalamun angombe warih | apan katon lêr-êlêran | saking endahe warnane | lah yayi kaya pa sira | yèn sira apanggiha | lawan Prabu Majalangu | dene mêmêdèni sira ||

58. sang rasaksi sigra angling | kakang apan ingsun bisa | amaliha warna kaot | saksana amalih rupa | sang rasaksi warnanya | lwir widadari anurun | ki rasaksa suka-suka ||

59. umulat warnaning ari | gumuywa ambata rêbah | wus karasèng tyas têmahe | yèn umilwèng kawarisan | duwèni nuswa Jawa | ywan tumêka ri kang sunu | sang rasaksa lon angucap ||

60. lah mara yayi dèn aglis | iya kita umanjinga | mring nagri Maospaite | age kita apanggiha | lan Natèng Majalêngka | sêsutaa kita jalu | ingkang abagus warnanya ||

61. lah sun sêsinau yayi | momong kaponakan ingwang | ngong têdhèng dewa kang kaot | muga têmbe sutaningwang | iya anglêwihana | ing sakwèh prajurit luhung | ing nusa Jawa sadaya ||

Lajêng nyandhak jilid: 2.

--- 1 : [0] ---

Isinipun

Bêbuka ... kaca 3

1. Sajarah wiwit Nabi Adam dumugi para dewa. (Dhandhanggula). ... kaca 7

2. Prabu Watugunung ing Gilingwêsi. (Asmaradana, Sinom, Pangkur, Durma, Dhandhanggula). ... kaca 10

3. Sajarahipun para ratu ing tanah Jawi wiwit saking jumênêngipun Ratu Bathara Wisnu lan Bathara Bramadu dumugi nagari Pajajaran. (Dhandhanggula). ... kaca 35

4. Lêlampahanipun Siyungwanara. (Dhandhanggula, Pangkur). ... kaca 39

5. Radèn Susuruh oncat saking Pajajaran lajêng têtruka wontên ing Majapait. (Pangkur, Mijil, Durma). ... kaca 56

6. Nagari Pajajaran bêdhah. Radèn Susuruh têtêp jumênêng nata ing Majapait, run-tumurun. (Durma, Asmaradana). ... kaca 67

7. Lêlampahanipun Arya Dilah. (Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 78