Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Serie No. 1289a

Babad Tanah Jawi

Jilid: 2

Nyariyosakên Nagari Majapait wiwit dhatêngipun agami Islam tuwin lairipun Radèn Bondhan Kajawan lan Jaka Tarub.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm, 1939

--- 2 : [0] ---

...

--- 2 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad, 1912 No. 600

--- 2 : [3] ---

Lêlampahanipun Arya Dilah

62. lan sakèhe tapa mami | kabèh ingkang kina-kina | sun wèhkên ing anak ingong | iku ta panêdhaningwang | lah wis yayi mangkata | lan sun arani sirèku | Ni Endhang Sasmitapura ||

63. Ni Endhang nêmbah nulya mit | saksana umangkat sira | mring Majalêngka lampahe | wus prapta kandhêg ing pasar | kathah kang wong tumingal | pan lagi tumawonipun | kang pasar ing Majalêngka ||

64. sadaya kerut ing warni | kang samya ningali sira | lanang wadon sêpuh anom | miwah buruh lawan dhayang | kerut lali pikulan | myang sambewara bêbakul | sami tilar gêgendhongan ||

65. sakwèh ri kang aningali | samya anarka lèn janma | apsari nurun nyanane | pan cahyane wong sapasar | samya kucêm sadaya | mung Ni Endhang yèn dinulu | cahyane mancur gumawang ||

66. lwir wulan purnamasidi | cahyane Endhang Sasmita | saking sangêt subrangtane | tinêkan sapanêdyanya | ywan mungguh ing wong kopar | istijêrad wastanipun | ywan mukmin ngaran mangunah ||

67. karamat mungguh ing wali | lamun nabi ran mukjijat | kawarnaa Ki Apatèh | Gajahmada pan asowan | dhatêng sri naranata | miyos pasar lampahipun | ya ta aningali sira ||

68. Endhang rinubung ing janmi | ki apatih arsa tanya | têdhak saking turanggane | marêpêki sarya ngucap |

--- 2 : 4 ---

lah ta sira wong apa | kandhêg ing kene sirèku | ing ngêndi ta wismanira ||

69. lan sapa aranirèki | dene pae lan wong kathah | Ni Endhang umatur alon | inggih ta ulun punika | têtiyang saking arga | wontên dene wasta ulun | Ni Endhang Sasmitapura ||

70. prapta ulun arsa ngabdi | dhumatêng Sang Brawijaya | tan antara glis praptane | timbalan saking jro pura | pawongan kalih prapta | ki apatih kang dinunung | hèh rêkyana patih ingwang ||

71. ingutus dening sang aji | Mabathara Brawijaya | dening pasar gêng sêpine | saking panggung katingalan | ulun kinèn mariksa | punapa prakaranipun | ing pêkên wontên punapa ||

72. dene pasar dalêm sêpi | matur Patih Gajahmada | mila sêpi pêkên katong | dening ta wontên têtiyang | prapta saking ing arga | warnanira lêwih ayu | ran Endhang Sasmitapura ||

73. sanggupipun sêdya ngabdi | dhatêng Risang Brawijaya | lah nyai panêdhaningong | punika ingaturêna | dhumatêng ing sang nata | saksana binêkta sampun | wus prapta ing ngabyantara ||

74. rêna Sang Sri Maospait | mulat warna yu Ni Endhang | wus ngilokakên sira ge | iya ing parêkan ika | wus alami kinarya | sêlir kêkasih sang prabu | nulya angandhêg Ni Endhang ||

75. kalawan Sri Maospait | angidham-idham kaworan | ngayang ngêlik panêdhane | KiNi. Endhang gêgêcok mêntah | bêbana ing sang nata | amothah siyang myang dalu | tan bêtah sri naranata ||

--- 2 : 5 ---

76. gènnya binabana mangkin | nulya sira tinutugan | saksana dhinahar age | nulya angêrik Ni Endhang | remane jatha gimbal | sacrak sisih siyungipun | mantuk rasaksi Ni Endhang ||

77. gègèr jroning dalêm puri | sangêt duka Brawijaya | watange ingêmbat age | Ni Endhang karsa pinatyan | gya malaywa Ni Endhang | mantuk mring kayanganipun | ya ta jangkêp sangang côndra ||

78. ambabar kang jabang bayi | miyos jalu putranira | lêwih abagus warnane | pae lawan ibunira | pan sampun winastanan | Ki Dilah kêkasihipun | ginumatèn dadah dulang ||

79. samana sampun alami | madhêp birai Ki Jaka | nulya atakèn yayahe | saurira ingkang uwa | iyèngsun ramanira | tan rêna sang rajasunu | kêdah takèn ramanira ||

80. ni rasaksi kewran galih | amicarèng jro ri kang tyas | dhuh Ki Dilah sutaningong | yèn nora ingsun waraha | bilih lunga nak ingwang | sapa kang kelangan sunu | ni rasaksi nulya ngucap ||

81. lah mênênga suta mami | mêngko ngong warah ing sira | ramanira sajatine | Brawijaya Majalêngka | kang ayogya ing sira | nanging poma anak ingsun | aywa babar kula sira ||

82. bok pinaido ing janmi | Ki Dilah umatur sira | ibu yèn makatên ingong | kawula ibu ngawula | dhatêng Sang Brawijaya | nawalani ibunipun | adhuh gusti sutaningwang ||

83. aja ngawula sirèki | iya marang Brawijaya | manawa

--- 2 : 6 ---

sira nak ingong | tan dèn aku ramanira | sapa kawogan wirang | Ki Dilah aris umatur | ibu suka tan sukaa ||

84. kawula amêksa ugi | tan kèndêl ulun ingampah | dahat kapengin wak ingong | angawula ing sang nata | Narendrèng Majalêngka | ri kang ibu pan kalangkung | gènnya arta driyanira ||

11. Dhandhanggula

1. datatita lingira ing nguni | kocapa Jaka Dilah gya mêsat | sah sing ngarsane ibune | dahat tan wrin pitutur | Jaka Dilah mêksa lumaris | datan kêna ingampah | Ki Dilah wus laju | datan kawarna ing marga | lampahira praptèng nagri Maospait | cingak sakèh kang mulat ||

2. sapraptanira ing pôncaniti | lampahira Ki Dilah tumama | adhedhe ing pasebane | ki apatih winuwus | Gajahmada ing Maospait | kalanira yun seba | Ki Dilah kadulu | ngalosod anèng paseban | Ki Apatih Gajahmada nulya angling | rare ing ngêndi sira ||

3. Jaka Dilah matur ing ki patih | ulun rarywalas tan wrin pinôngka | tan kantênan ing wijile | tan wruh ing bapa babu | ulun iki kang anusoni | pantês kidang manjangan | mrak ngêmuli ulun | kadya lêlayangan pêgat | sagènipunsanggènipun. tumiba sarira iki | sakarsaning Hyang Sukma ||

4. Ki Apatih Gajahmada angling | lare ngalas sapa aranira | lan apa karti marene | sira Dilah umatur | pan Ki Dilah ran ulun iki | karya ulun [ulu...]

--- 2 : 7 ---

[...n] punika | dhatêng Maoslangu | arsa ngabdi Brawijaya | pênêd ulun sinangkêlangana arit | ulun dhatêng sandika ||

5. Kyai Patih Gajahmada angling | lah Ki Dilah payo mring paseban | lah sun aturakên mangke | mring Natèng Majalangu | ki apatih lumampah aris | ingiring mring Ki Dilah | praptèng alun-alun | adhedhe waringin kalang | Brawijaya sineba ing pôncaniti | pêpak wadya punggawa ||

6. Brawijaya angandika aris | hèh wong gandhèk sira turunana | ing alun-alun dèn age | lah pariksanên iku | kang adhedhe soring waringin | lah sira takonana | sang duta tumanduk | cundhuk Patih Gajahmada | nulya mojar matura duta mring gusti | pun Dilah angawula ||

7. ri sang duta sigra mangsah prapti | ing ngayunira Sang Brawijaya | sang duta atur sêmbahe | nênggih pun patih wau | ngaturakên ing pêcêl alit | sangkanipun sing wana | pun Dilah ranipun | arsa ngabdi ring paduka | sri narendra wau sira aningali | maring sira Ki Dilah ||

8. sang nata sigra anulya angling | ya Ki Dilah alungguha sira | lan panakawan alite | sira Dilah dinulu | sapolahe wus mambu ati | cahyanira Ki Dilah | lwir wulan mawêlu | ri sêdhêngira purnama | laku linggih solah muna lawan muni | cihna wijiling nata ||

9. tan warnanên laminira mangkin | sang nata apan karsa cangkrama | anggêrit sangsam lan banthèng | ambêbêrêg wana gung | sira Dilah umatur aris | maring Sang Brawijaya | lungaa

--- 2 : 8 ---

tuwanku | kadohan dènya cangkrama | ewuh-aya asamar wana asingit | kita ambêkta graha ||

10. lêng cangkramèng alun-alun ngriki | anggêrit miwah ambêburua | sangsam kidang lan banthènge | ulun inggih asanggup | nêkakêna buron sakèhing | ing wana kaburonan | praptèng alun-alun | Sang Brawijaya ngandika | rare cilik panakawan sanggup bakitbangkit. | iya sun anti sira ||

11. nanging ywan kita madaya ring ling | mêsthi ngong pisah jôngga murdanya | saha carmanya ngong sèsèt | tinona ngalun-alun | ring sakèh wadya Maospait | lah ta Dilah kesaha | dèn agya praptèku | Ki Dilah amit manêmbah | nulya kesah tumama sirèng wanadri | prapta unggwaning yayah ||

12. ni rasêksi kagyat aningali | ri kang suta nulya tinangisan | pinêkul suta janggane | ni rasêksi amuwus | hèh Ki Dilah baya tan olih | sumiwi ring narendra | Natèng Majalangu | baya karuntikan sira | sutanira Ki Dilah nauri kang ling | kinongkon ulun biyang ||

13. anggiringa sato las sakèhing | dhatênga ing ngalun-alun ika | iku sang nata karsane | ni rasêksi amuwus | lah Ki Dilah muliha aglis | ingsun kang anggiringa | marang ngalun-alun | sakèhing kang sato alas | andêlêna biyungira anèng wuri | nuwuki karsèng nata ||

14. sutanira Ki Dilah nulya mit | sigra mêsat tumamèng nagara | prapta ring ngalun-alune | Sang Natèng

--- 2 : 9 ---

Majalangu | ri sêdhênge siniwèng mantri | ana ing pagêlaran | Ki Dilah kadulu | ingiring ing sato wana | sangsam kidang maesa banthèng lan kancil | samya munya sadaya ||

15. yèn janmaa padha sira angling | ngaturakên pêjah gêsangira | sumôngga ing sakarsane | mring Natèng Majalangu | sira Dilah umatur aris | dhuh sang sri naradipa | ngaturakên ulun | atur sakwèh sato alas | pan sumôngga sakarsane narapati | Brawijaya narima ||

16. nulya mangkat lawan para rabi | samya nitih ing pêdhati sinang | Ki Jêbadbèdri arane | sangsam ginêrit sampun | Brawijaya sukaniranting | salaminya agêsang | tan kadya puniku | kasukanira nèng donya | katingalan Ki Dilah kang dadi margi | suka Sang Brawijaya ||

17. pinakolih Ki Dilah pakarti | mapan sira kinulawisudha | jinunjung mantri lungguhe | jinênêngakên sampun | Arya Damar sinung nagari | tanah sabrang Palembang | apan dadi ratu | binêktan wadya salêksa | saking Jawa ingakên putra narpati | dibya lan kinasihan ||

18. ri sampunnya sasmita rumiyin | kang kocapa Risang Putri Cina | ingaturkên sang natane | dening Raja Cinèku | lêwih ayu citrèng sang putri | yèn ngombe maya-maya | gêdhah isi madu | upama miwaha jênar | yèn adhahar katingal upan-upaning | lir widadari kendran ||

19. Brawijaya sukanira ênting | sinêngkakakên Sang Putri Cina | wus dadya grahanira nèm | ing

--- 2 : 10 ---

tyas kamulènipun | pramèswari ing DarawatiDwarawati (dan di tempat lain). | grahanira kang tuwa | apan ing sih kantun | pramèswari sigra mular | nuhun pêgat ulihna mring yayah wibi | pan ingsun Putri Cêmpa ||

20. Brawijaya sigra dènira ngling | ariningwang yèn sira tan arsa | mêmaru Putri Cina gèr | yêkti iku sun tundhung | saking pura ing Maospait | Brawijaya nênurat | saisining kalbu | kawrat nawala nèng patra | wus sinungakên ing Gajahmada Patih | gya tinampan anêmbah ||

21. pan widagda Gajahmada Patih | wus uninga ri cipta sang nata | adan lumampah sira ge | ing Garêsik jinujug | Arya Damar kalanirèki | tinundhung mantuk sira | saking Majalangu | ing Garêsik pamondhokan | pan anganti wadine sri narapati | wadine kang kinarsan ||

22. sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lan Ki Arya | Damar sira nulya lèngsèr | saking palungguhipun | Patih Gajahmada sira ngling | hèh Risang Arya Damar | ulun pan ingutus | dènira sang naradipa | maringakên graha dalêm ri sang aji | kang wijil saking Cina ||

23. myang kang surat Prabu Maospait | kinèn matêdhakakên ing sira | nulya tinampan sira ge | mring Arya Damar sampun | ring kang surat binuka aglis | adan nulya winaca | pèngêt layang ingsun | Brawijaya Majalêngka | he Sang Arya Damar sira sun paringi | ri Sang Putri ing Cina ||

24. iku aja ko-rowang sarêsmi | lah antinên ing titipan ingwang | ywan uwus [u...]

--- 2 : 11 ---

[...wus] mêdal putrane | iku karsanirèku | Risang Putri ing Cina nênggih | pan iku grahanira | ywa atahèng ingsun | ri sèsthine prayaningwang | apan kawrat anèng patra kang sun tulis | rampung tata titinya ||

25. Arya Damar sigra dènira ngling | hèh Kiyai Patih Gajahmada | matura ing sang nata ge | sêmbah ulun anuwun | karan ulun kandhêg ing Grêsik | alami tan alayar | anganti ing ulun | karsane sri naradipa | rèhning mami ngawula sri narapati | eman ewuh ing lampah ||

26. Kyai Patih Gajahmada mulih | dyan lumampah tumamèng nagara | prapta ing Maospaite | ri sang nata kapangguh | Patih Gajahmada turnya ris | hèh risang naradipa | ulun tuwan utus | dhumatêng ing Arya Damar | maringakên sêrat kalawan sang putri | anuwun Arya Damar ||

27. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Arya Damar mancal | nulya binabar layare | anuju angin timur | dan lumampah palwanira glis | kadya jaran angêrap | ing Palembang rawuh | tumama ing ngabyantara | Arya Damar têtêp umadêg narpati | anèng nagri Palembang ||

8. Radèn Rakmat (Sunan Ngampèldênta)

28. ênêngakna ingkang madêg aji | ing Palembang ing Cêmpa kocapa | Makdum Ibrahim putrane | kêkalih samya jalu | kang asêpuh wastanirèki | kêkasih Radèn Rakmat | ri kang

--- 2 : 12 ---

anèm wau | Radèn Santri namanira | Rajèng Cêmpa putrane wau winarni | Radèn Burèrèh nama ||

29. Radèn Rakmat kang arsa apamit | mring kang paman Sang Raja ing Cêmpa | tansah kalawan arine | Radèn Rakmat gya matur | ring kang paman anuwun pamit | kawula arsa kesah | anuhun pangèstu | arsa dhatêng tanah Jawa | atêtuwi mring uwa ing Maospait | Rajèng Cêmpa ngandika ||

30. iya sun lilani sira kaki | anging arinira iku nyawa | sira gawaa karone | saparan aywa kantun | Ki Burèrèh lawan Ki Santri | iku wêwêkas ingwang | ywa na salah dunung | ya ta sampun sinangonan | ri sang putra katiga wus angabêkti | wus umangkat katiga ||

31. wus anitih baita lumaris | alayar nêngah mring nuswa Jawa | datan kawarna lampahe | prapta ing Majalangu | dyan cumundhuk ri sang narpati | prapta putra katiga | sukèng tyas kalangkung | pan dahat binoja-boja | tan winarna lamine nèng Maospait | apan sampun sawarsa ||

32. kawarnaa apan uwus lami | Rahadèn Rakmat apalakrama | punika antuk putrane | Wilatikta Tumênggung | pan kêkalih putranirèki | Tumênggung Wilatikta | èstri kang pambayun | wasta Ni Gêdhe Manila | apan sampun pinanggihakên ing nguni | kalawan Radèn Rakmat ||

33. kang taruna aran Jaka Said | jalu warnane bagus anawang | jangkêp kêkalih putrane | Rahadèn Rakmat wau | wus apamit dhatêng narpati | awisma

--- 2 : 13 ---

Ngampèldênta | ênggènnya dhêdhukuh | wau ingkang kawarnaa | Radèn Santri lan Radèn Burèrèh nguni | wus lami palakrama ||

34. apan angsal atmajanirèki | Arya Teja kêkalih putranya | sami wanodya putrane | samya yu warnanipun | ingkang sêpuh kalap Dyan Santri | dene ingkang taruna | pan kagraha sampun | dhatêng Rahadèn Burèrèh | radèn kalih apan sami nuhun pamit | dhatêng Sang Brawijaya ||

35. pan karsa dhêdhêkah ing Garêsik | radèn kalih wus sami ngidènan | datan warnanên polahe | wus sami adhêdhukuh | radèn kalih anèng Garêsik | wau kang kawarnaa | Molana nyar rawuh | Maulana saking Jullah | apêparab Sèk Walilanang anênggih | jumujug Ngampèldênta ||

36. wus apanggih angraosi ngèlmi | lawan Susunan ing Ngampèldênta | Molana lajêng lampahe | angetan lampahipun | Sang Sèk Molana sigra prapti | muara Balambangan | wastane kang dhusun | anênggih ing Purwasata | kalanira Prabu Balambangan mangkin | dawêg gêrah putranya ||

37. têtômba kathah kang andhatêngi | nanging tan ana kang marasêna | kala samana kandhane | Sèk Walilanang iku | ingkang marasakên sang putri | samulyane sang rêtna | kang rama kalangkung | sukane wardayanira | karsanira wau sang sri narapati | arsa pinanggihêna ||

38. kang putra lan Sèk Maolana di | tan antara apan wus kagraha | sang putri mring Molanane | tan kocap laminipun | kawarnaa sang

--- 2 : 14 ---

raja putri | apan sampun awawrat | samana sang prabu | sinêlamakên tan arsa | mring kang putra mantu Ki Sèk Molana di | nanging dahat tan arsa ||

39. ri sampune sang nata tan apti | sinêlamakên anut agama | Sèk Walilanang nulya ge | kesahira andarung | mring Malaka sinêdyèng ati | sang putri pan katilar | lagya bobot sêpuh | nagari ing Balambangan | satilare Molana dèn parag gêring | akathah kang wong pêjah ||

40. wawratane sang putri wus mijil | miyos kakung Prabwèng Balambangan | lare kinèn buwang age | ing tabêla linabuh | ing samodra kang jabang bayi | kunêng kang kawarnaa | Samboja winuwus | lungsur pangawulanira | nulya ngawula mring Natèng Maospait | antuk dènya ngawula ||

41. pan ginanjar tinandur Garêsik | Ki Samboja kacatur wus pêjah | wau kang kantun rabine | kalangkung sugihipun | padagange kathah winarni | mangkana cinarita | pan sakadangipun | mring muara Balambangan | ing samodra manggih tabêla ing nguni | tabêla dyan ingalap ||

42. tiningalan yèn isi bêbayi | langkung bungah manahe nakoda | anulya binêkta mulèh | anulya panggih sampun | lawan Nyai Samboja nguni | jabang bayi punika | nyai kang amundhut | ingambil pinutra-putra | wus diwasa kinèn angaji mring nyai | ing Sunan Ngampèldênta ||

43. dene ingkang pinardi angaji | rare kêkalih ingkang satunggal | kang putra [pu...]

--- 2 : 15 ---

[...tra] Susunan Ngampèl | Santri Bonang ranipun | gènnya mupu nyai winarni | Santri Giri wastanya | kalih ngaji sampun | mring Susunan Ngampèldênta | Santri Bonang kalawan Ki Santri Giri | kadi sadulurira ||

44. tan winarna pan sampun alami | Santri Giri lawan Santri Bonang | angaji karo karsane | mring Mêkah karsanipun | dyan umangkat tiyang kêkalih | tan kawarna ing marga | kandhêg lampahipun | nèng nagari ing Malaka | pan angaji mring Sèk Walilanang singgih | kapanggih nèng Malaka ||

45. tan winarna laminya angaji | nèng Malaka pan sampun sawarsa | anulya tinundhung mulèh | Ki Sèk ingkang anundhung | aywa laju mring Mêkah ngaji | uwis sira muliha | karo putuningsun | kalih pisan pinaringan | jungkat kalawan rasukan jubah sami | miwah kastule pisan ||

46. Santri Giri dipun kêkasihi | ajêjuluk Sang Prabu Sètmata | Santri Bonang kêkasihe | wus sinungan jêjuluk | Prabu Nyakrakusuma adi | nulya mantuk mring Jawa | wangsul prênahipun | wus prapta ing Ngampèldênta | kawarnaa wontên darwis angajawi | Ngatasangin wijilnya ||

47. Sèk Sarahidin ingkang kêkasih | angajawa dunung Ngampèldênta | wus cundhuk lan Sunan Ngampèl | aprakawis ing ngèlmu | ingkang winiraos sawêngi | lawan Kangjêng Susunan | Sarahidin wau | ri sampune pêpamitan | tan kawarna Ki Sèk Sarahidin lalis | sinatana Pamalang ||

--- 2 : 16 ---

9. Radèn Said (Sunan Kalijaga)

48. kunêng ingkang kawarnaa malih | Tumênggung Wilatikta putranya | Ki Jaka Said wastane | nênggih karêmênipun | ngabotohan miwah ajuti | kècèk gimêr malandang | rêmên ngabên sawung | lêlana dhatêng Jêpara | lamun kalah bêbegal karyanirèki | Radèn Said ngandika ||

49. Radèn Said pan angadhang margi | wontên ing wana ran Jatisêkar | lor wetan Lasêm prênahe | Sunan Bonang winuwus | saking Malang lagya lumaris | liwat ing Jatisêkar | sigra dyan katêmu | lan Jaka Said samana | Sunan Bonang wau angandika aris | sira iki wong apa ||

50. wong liwat têka sira adhangi | Radèn Said asru dênya ngucap | ingsun iki amèk gawe | bêbegal karyaningsun | Sunan Bonang ngandika aris | besuk sira begala | yèn na wong lêlaku | anganggo wulung ing benjang | lan sêsumping kêmbang wora-wari abrit | iku sira begala ||

51. Jaka Said dhatêng anuruti | sapangandikanya Sunan Bonang | dataditadatatita. ing lawase | antara tigang dalu | Radèn Said angadhang margi | wau Susunan Bonang | wus angagêm wulung | wora-wari bang sêkarnya | nulya langkung prênahe kang ngandhang margi | sigra nulya kapêdhak ||

52. Radèn Said sigra angadhangi | mring Susunan Bonang ingkang liwat | pinêgatan saparane | tabêlat papat iku | Sunan Bonang pan catur warni | radèn nulya tumingal |

--- 2 : 17 ---

lor wetan lan kidul | kulon wontên Sunan Bonang | sigrandhêku Radèn Said atur bêkti | ngaturkên tobatira ||

53. Sunan Bonang angandika aris | yèn sira têmên anut maringwang | angguru ing satêmêne | turutên ujar ingsun | iya êcis ingsun puniki | alah sira tunggua | poma ujar ingsun | aja sira lunga-lunga | Radèn Said sandika sarwi tur bêkti | Sunan Bonang wus kesah ||

54. tinilar maksih nyêkêli êcis | tan winarna nênggih laminira | sampun sawarsa lawase | Sunan Bonang gya rawuh | aniliki mring Radèn Said | pan sampun dadya wana | Sunan Bonang muwus | sigra anguluki salam | punang alas mulya sirna tan kaaksikaèksi (dan di tempat lain). | radèn sampun katingal ||

55. radèn kantun kakêtêg kaèksi | tinilar malih mring Sunan Bonang | nênggih sawarsa lamine | wus jangkêp kalih taun | dènya tapa Rahadèn Said | kinon mring Sunan Bonang | lungaa sirèku | rahadèn sarwi winêjang | marang ilmu kalawan bêkti ing Widi | rahadèn nulya kesah ||

56. nulya ngaluwat radèn sawarsi | sêsampune ngaluwat rahadyan | kesah mangilèn parane | Carêbon kang jinujug | sapraptane Carêbon nuli | Radèn Said dhêdhêkah | ing alas asamun | winastanan Kalijaga | sakabatipun rahadèn ika kalih | saya agêng kang tapa ||

57. lamun dalu ajaga mring kali | yèn angantuk kagêbyur ing toya | lajêng angèli lampahe | upêt bêbêktanipun | sampun lama [la...]

--- 2 : 18 ---

[...ma] gêntur kang tapi | upêt kèlêm tan pêjah | dènya ngèli mantun | Rahadèn Said punika | wus sinêkti rahadèn ngalih kêkasih | Susunan Kalijaga ||

58. tinutur malih Susunan Kali | kala nèng Carêbon namur lampah | dadya marbot panamare | pakartinya angangsu | angisèni pabongan sêpi | saban asat pabongan | gya ingisèn gupuh | mring Susunan Kalijaga | pan dinalih ing liyan yèn marbot yêkti | kawarnaa samana ||

59. nênggih Susunan ing Gunungjati | ingkang angrèh ing Carêbon ika | wruh marêbot pangangsune | saban-saban angangsu | ki marêbot dipun tingali | ya ta angraos wêlas | tyasira sinuhun | umulat marêbotira | dupi dalu pabongan sinat kang warih | ya ta ingisèn êmas ||

60. bangun rintên gya Susunan Kali | mèh numpak ing waktu Subuh ika | Sunan Kali ngangsu age | sapraptanira ngangsu | kang pabongan dipun ungkabi | pinariksa na êmas | jro pabongan wau | Susunan Lèpèn ngartika | ring tyasira nulya nyipta êmas aglis | karya umpak pabongan ||

61. sarta pabongan wus kêbak warih | Susunan Gunungjati samana | enjing wus tumêdhak age | arsa asalat Subuh | mring pabongan arsa sêsuci | ningali kang pabongan | êmas umpakipun | Susuhunan Gunungjatya | wus tan samar yèn sira Susunan Kali | ki marêbot punika ||

62. tan winarna solahirèng nguni | Susunan [Susu...]

--- 2 : 19 ---

[...nan] Kalijaga samana | apan wus ingambil ipe | pinanggihakên sampun | lan sadhèrèke nèm pawèstri | wau datan winarna | solahirèng dangu | Susuhunan Kalijaga | pan kaipe mring Susunan Gunungjati | mangkana purwanira ||

10. Radèn Patah tuwin Radèn Kusèn

63. tan kocapa kang tumêkèng wali | kawarnaa nagara Palembang | Arya Damar ing jênênge | tan ana walêripun | wong Palembang sadaya sami | suyud tan ana malang | samya sih alulut | tan ana rêngating nala | Arya Damar titipan putra wus mijil | êntya apêpasihan ||

64. risang putri patutan kêkalih | samya jalu pambayune ika | Radèn Patah jêjuluke | nênggih bêbêktanipun | saking Prabu ing Maospait | kala ngidham kaworan | pinisah karuhun | sira Sang Putri ing Cina | patutane lan Arya Damar satunggil | Radèn Kusèn kang nama ||

65. putra kalih jalu samya pêkik | warnanira antya lir wong kêmbar | apan samya ri baguse | awayah diwasa wus | Arya Damar mojar sira ris | marang ing grahanira | mirah grahaningsun | putranira wus diwasa | yèn sambada lawan karsanira yayi | sun jênêngakên nata ||

66. gumantia ring jênêng ngong aji | sutanira kang pambayun nyawa | Rahadèn Patah yogyane | dadia patihipun | Radèn Kusèn arine ugi |

--- 2 : 20 ---

ulun asrah nagara | amagawan ingsun | mumpung ulun maksih gêsang | ngong amomong Radèn Patah dadi aji | ing nagara Palembang ||

67. pramèswari ing Cina sira ris | sigra mojar kaka prabu iya | para yoga sasmitane | sandeyane tyas ingsun | maring putranira kêkalih | maksih timur kang wayah | dèrèng ungsumipun | lamun jumênênga nata | putranira karo sira pan dèn sandhing | amiyarsa dêlingnya ||

68. Arya Damar sigra dènira ngling | hèh sang pramèswari sutanira | iku anêngguh ing têmbe | pasthi jumênêng ratu | Radèn Patah ana ing Jawi | purwa raja kang Islam | sirnèng Majalangu | raja kapir kang ginantyan | mêngkwèng Jawi sineba ing para aji | Jawa tan pasisingan ||

69. lêhêng mangkin jumênênga aji | mumpung ulun mênangi agêsang | môngsa wandea ing têmbe | sutèng ulun puniku | dadi aji ya nyakrawati | Radèn Patah punika | trêsnèng ulun sunu | sun pudya dadia nata | gumantia ring jênêng ingsun narpati | amêngkua byantara ||

70. pramèswari Putri Cina angling | sutèng ulun sira Radèn Patah | idhêpên rama ujare | sira dadia ratu | mumpung ulun mênangi urip | arèrèn marang sira | yèn dadia ratu | aeca ingsun anendra | lan abukti yèn sira wus dadi aji | gumantyèng ramanira ||

71. Radèn Patah matur ing rama ji | ulun inggih lênggana ing karsa | ywan dadyakêna nata ge | anggantyani ramèku |

--- 2 : 21 ---

dening ulun mudha ring ati | dèrèng wruh ing sasmita | ning bala wadya gung | dadia suka paguywan | lamun ulun gumantia ing narpati | merang jênênging nata ||

72. pan jênênging ratu dibya lêwih | apan wikan wilanganing wadya | bala tan wruh sasmitane | marang jênênging ratu | punika ratu kang linuwih | yèn ratu tan mangkana | nistha jênêngipun | pan yêkti wadya sadaya | ngayun-ayun panjênêngan ratu adil | cihna nagara karta ||

73. ulun iki dèrèng wruh ing wangsit | ing nagara yêkti dadya nistha | dadi paguywan ing akèh | dening ngong mudha punggung | yêkti awèh surêm nagari | ngadil pan dèrèng wikan | dadya ara-uru | sakèhing wadya sadaya | pan wus wikan ing mudhane sang bupati | ngangge sakarsanira ||

74. Arya Damar mênêng tan nauri | ing wacananira Radèn Patah | ambênêri katarkane | myang pramèswarinipun | Putri Cina tan kêna angling | amirsa ing wacana | nira ingkang sunu | Radèn Patah pan prayoga | lwir wong tuwa sêmune pan wus gumanti | mring kang awèh titipan ||

75. nahan ujar Arya dan sumilih | Radèn Patah masukêt kang manah | ya taman pasingkabane | sang hyang arka sumurup | ring mangsaning ri têngah wêngi | Radèn Patah kabwatan | dahat nirèng sêmu | nir tyas dutaning akathah | ngangkên-angkên sarira paran bedaning | dadia raja mudha ||

76. Radèn Patah glana sandeyaning | manahira anarka yèn prana |

--- 2 : 22 ---

winrêga gati têmahe | manah lwir angsa muluk | lamun tinon silab wiyati | ing wêngi ciptanira | kaya satus taun | agring upama lwir wadya | Radèn Patah pan wus wikan sarasaning | kaksana janmotama ||

77. Radèn Patah lolos saking puri | kang tinurut ngurung-urung toya | sampussampun. miyos byantarane | andarung lampahipun | cipta suci kang dèn turuti | anawang bawaning lyan | nir deya tan ketung | tumama ing wanantara | iring-iring jurang ajro dèn lampahi | tuban anêmpuh parang ||

78. mèh raina sêmu bang hyang rawi | ri kaywan saanane padas wang | sata wana anjêgigèr | mêrak padha anguwuh | yèn janmaa kadya wèh margi | padha tinundha-tundha | aswang pêksi ngênu | myang manu sêca wacana | yèn janmaa unine kadya ngaturi | rahadyan arèrèna ||

79. apan sakulêm datan kêjêping | yêktya lêswa yogya ararywana | jahning mahning talagane | kadya langit dinulu | kambang tangpas wulan upami | ri kang sêdhêng purnama | kusuma sumawur | wintang tulya padha lumrang | sarineka lwir jaladha gônda wangi | kongas maring rahadyan ||

80. tunjung kuncup pan kumumbu sami | padha manêdhêng rêbut mapunjwang | upama ika tangane | marêp nganjali iku | ywan janmaa padha sira ngling | lah ya radyan mulata | kabèh mêkar ulun | lung-lungan ngadhang ing marga | pan rumêmbe yèn janmaa upamaning | padha ngawe ring tangan ||

81. kwèh tal magêng ana ring têpining | ing talaga panêdhênging [pa...]

--- 2 : 23 ---

[...nêdhênging] mêwah | kwèhnya runtuh lir balange | liman alas pan agung | tita nguni madyus ing jyahning | punika ya binalang | ywan janma amuwus | rahadyan manawi rarywan | ing talaga mêmadyus ning jyahni mahning | tal magêng ywan mojara ||

82. Radèn Patah rêmên aningali | ring talaga nulya sira raryan | alinggih anèng têpine | kabèh manêdhêng sampun | wohan alas tinon tulya sri | wite sawiji kêmbang | matêng sawohipun | myang nyadham kamaropokan | wohnya ruru agêlar myang kêmbang wangi | adi anèng bantala ||

83. tyasnya siji catur dasa warni | kadya aywa slir sang dyah kasmaran | rasaning tyasnya manise | anênggih patang puluh | ywan janmaa padha sira ngling | rahadyan adhahara | manise woh ulun | pangucaping kêmbang tunggal | madhêp padha muka kêdah dèn tingali | manglung mring Radèn Patah ||

84. kang mandira ramya dèn tingali | kêmbangira kadya sampun ahyas | apan manda ing angine | kapwa ya sira nêmpuh | panging adoh soka lwir nginggil | manda nulah pan juga | pan mangsêh manungsung | mandoni ning brama rannya | pan kaanggêp wanodya punika angling | marêp maring rahadyan ||

85. kayu alas kabèh padha wangi | lwir kalêmbak myang wrêksa candhana | masoyi adas cêngkèhe | kasturi kayu garu | nagasari lawan kêmuning | widasari cêpaka | lawan pacar dadu | andong bang lan kanigara | argulonya gambir kalawan mêlathi | anjrah sêkar sridênta ||

86. patalanya lwir salaka [sa...]

--- 2 : 24 ---

[...laka] putih | karikilnya lir manik pathika | candrakanta myang manike | suryakanta bra murub | mirah nila pakaja êning | intên myang nawarêtna | ujwalanya murub | ing wêngi mulya raina | sang hyang surya kasoran ujwalèng manik | merang marèng ujwala ||

87. purwa ri gêng kayu kapur iki | kulitira tumitis gêtihnya | maputih ika warnane | ring suryakanta dhawuh | gêtihira arata êning | pan dadianing dupa | upama kumukus | marbuk minging gônda kongas | yèn janmaa kadya manungsunga ing sih | gônda manub ing radyan ||

88. Radèn Patah lwah saking sayati | ciptanira lwir wrêksa candhana | dinina dinandar dumèh | pamangsule mrik arum | dening budi wahya wiyati | kesisan wraning ima | nirmala sumunu | sanityasa tyas sung santa | singlar saking gêlah-gêlah tata suci | byak tyas pasthika maya ||

89. sakathahing buron alas sami | pan kampita kênanya malaywa | amirsa marang rahadèn | ing wanantara rawuh | ywan janmaa padha sira ngling | padha-padha satwalas | ngatingal ing ulun | rumêksa ring sira radyan | padha rawuh ywan janmaa magêr sari | ngubêngi Radèn Patah ||

90. liman alas limang puluh dyus ing | talaga tarlagèng samya burwan | ataha-taha ring tyase | gadhing inasah gupuh | ri kang watu ri dang mrih lungid | ya ta milu malaywa | tan erang ing lêmu | gya mulat buron akathah | ywan rumêksa ring radyan wus mangubêngi | liman rumêksèng radyan ||

--- 2 : 25 ---

91. prapta liman mêndhak manganjali | ywan janmaa matur ing rahadyan | manawi tumanduk age | nitihèng gigir ulun | lawan singa jajare linggih | ing nguni pan nirbaya | lawan gajah atut | myang warak kalawan wagra | padha munya ywan wonga padha sira ngling | madhêp ing karsa radyan ||

92. Radyan Patah malandhêp ing ati | aningali wana gung kwèh kênas | munggwing ing wrêksa unggyane | ciptanira atrênyuh | wuwuh dadya subrangtèng ati | panging kayu kawuryan | alurus dinulu | tinampan apan mapanah | putranira aendah upama taji | amanah jajaning lyan ||

93. Radèn Patah tinêkan ing Widi | ywan alawas ing saksananira | sampurnane sarirane | subrangtanira nglangut | nulya mudya maring Hyang Widi | hèh bathara kang mulya | tingalana ulun | baya lali duwe wadya | ing jangjine jênênging kawula gusti | tan kenging pisahêna ||

94. datatita lingira ing nguni | kang kocapa nagri ing Palembang | Dipati Arya Damare | tatas ing siyang wau | punang cèthi anjrit kapati | kang tunggu pasarean | Radèn Patah suwung | murca saking pagulingan | Radyan Kusèn miyarsa panjriting èstri | tarkanira wus wikan ||

95. Radèn Kusèn malayu kêpati | lumanjanging kwèhning wong Palembang | dènya ngulati kakange | nulya manjing wana gung | Arya Damar kagyat ningali | mirsa wong pasarean | tangise gumuruh | tumama ring Arya Damar | samya matur ing Arya Damar sira glis | putra paduka [padu...]

--- 2 : 26 ---

[...ka] ical ||

96. Arya Damar saha pramèswari | dahat gupuh ngulari kang putra | têlas sadalêm purane | saèstu lamun suwung | putra kalih tan anèng puri | Radèn Kusèn duk kesah | yayah dahat tan wruh | ywan anusula kang raka | tarkanira Sang Arya mring putra kalih | sarêng musnèng byantara ||

97. Arya Damar mijil saking puri | saha bala miwah grahanira | anitih èsthi kalihe | nulya sira tumanduk | jawèng kitha panêpis iring | padêdesan wus têlas | putra tan kapangguh | malah têka ing sadina | angulati putra tan môntra kapanggih | umênêng Arya Damar ||

98. Arya Damar mojar ingkang swami | hèh Sang Putri ing Cina riningwang | tanayanira rahadèn | karo datan kapangguh | datan owah jangjining Widi | tan kêna ngrekadaya | pan wus jangjinipun | pinisah yayah lan suta | pirabara yèn sira sinungan panggih | ing benjang dening suksma ||

99. pramèswari mênêng pan umiring | wus pinupus yèn karsaning Suksma | Sang Arya mantuk lampahe | tumama ring kadhatun | myang sakathahing bala mantri | mantuk sowang-sowangan | maring wismanipun | wong sanagarèng Palembang | jalu èstri sadaya samya gêng kingkin | nata kecalan putra ||

100. ri sampunnya lingira ing nguni | kang kocapa Radèn Kusèn ika | prapta ing wanantarane | kandhêg ing lampahipun | Radèn Kusèn nulya ningali | mangilèn ngalèr ngetan | kang kidul kadulu | tan ana janma katingal | Radèn Kusèn [Ku...]

--- 2 : 27 ---

[...sèn] mêmènèk wrêksa waringin | inggil ta tanpa padha ||

101. Radèn Kusèn tumulya ningali | ngetan bênêr saojana ika | umulat marang kadange | pinggir talaga lungguh | Radèn Kusèn angling ing ati | nyata ika si kakang | ring panduluningsun | yèn ingsun amaranana | ring si kakang manawa ulun dinalih | ingutus dening rama ||

102. yêkti kagyat si kakang ing mangkin | manahira anarka maringwang | kinon mring ramaswèng mulèh | yêkti duka mring ulun | Radèn Kusèn mudhun ing siti | nulya sira lumampah | pinaliwat sampun | kira-kira sapandulwan | têbahira Radèn Patah aningali | ywan arinira lintang ||

103. pan kawuri Radèn Patah nyèngi | Radèn Kusèn ari marenea | pan ulun ana ring kene | Radèn Kusèn awangsul | amiyarsa kakange angling | mangsah manungsung agya | arinira cundhuk | manêmbah ring kakangira | Radèn Patah nulya sira dèn sungkêmi | manangis arinira ||

104. Radèn Patah sigra dènira ngling | ari Kusèn mring êndi karsanya | saur sêmbah Radèn Kusèn | kakang dinukan ingsun | dening ramandika sang aji | dene ulun lênggana | ing karsa sang prabu | kinarya patih tan miyang | ulun iki tinundhung dening rama ji | lunga saking Palembang ||

105. mangkin iki tumamèng wanadri | tarkaningwang ulun yèn têkaa | anarka mring Jawa age | ngawulèng Majalangu | Brawijaya dibya ing Jawi | pratama ing rat sabrang | pranata kang mungsuh | ambêk sadu paramarta |

--- 2 : 28 ---

sarya boga suta wisesa pan ngadil | Jawa tanpa sisingan ||

106. Radèn Patah sigra dènya angling | ari Kusèn mangkono karsanya | ulun milu sira radèn | karsanira sun anut | aywa pisah ari lan mami | parastrorip parênga | kita lawan ulun | anulya parêng lumampah | sampun lêpas ana wong bêbegal kalih | angadhang nèng dêdalan ||

107. purwanira bêbotoh kalindhih | ngadu ayam donyanira têlas | malah ing suta swamine | tinohakên pan sampun | anggurangsang manah tan bêcik | dadya begal angêntal | myang saduluripun | pan Supala kang atuwa | arinira apan awasta Supali | manahira lwir buta ||

108. pun Supala lawan pun Supali | angêmbat lawung anumbak lêmah | kurang mungsuh ing nityane | anandêr anglir nêmpuh | amrih nir tyas ingkang lumaris | pun Supali gya mojar | maring kakangipun | Kakang Supala ngong mulat | wong lumampah ring ngayun ika kêkalih | yèku yogya malingwang ||

109. Radèn Kusèn sigra dènira ngling | Kakang Patah ana wong bêbegal | ing ngayun ika kêkalèh | angadhangi dalanggung | lah ta kakang dèn yatna ugi | mirea ingkang kiwa | ulun apan purun | wong roro angêmbarana | tan antara kang ambêbegal gya prapti | Supali lan Supala ||

110. nulya mêgati mring Radèn kêkalih |Lebih satu suku kata: nulya mêgat mring Radèn kêkalih. hèh wong ngêndi roro sira liwat | nèng wanantara ing kene | lan ta sapa jênêngmu |

--- 2 : 29 ---

Radèn Kusèn nulya sira ngling | lah sira silih sapa | angadhang dalanggung | aja sira salah karya | lah mirea ingsun pan arsa lumaris | aja ngandhêg wong liwat ||

111. jênêng ingsun Supala Supali | kang anduwèni ing wanantara | sun gawe pangan sêdhênge | amêgati dalanggung | sing wong liwat ingsun dhèdhèli | ing sapanganggoneka | tumbak lawan dhuwung | iku pasthi duwèk ingwang | hèh wong roro aja kakèhan dera ngling | lah tilara busana ||

112. Radèn Kusèn sigra dènira ngling | hèh Supala Supali tan suka | sira ingsun jaluk age | saha panganggon ingsun | sun rewangi sabaya pati | mêngko paksa deralap | saking angganingsun | yèn ingsun uwus parastrapalastra. | karsanira agya Supala Supali | sigra kalih narajang ||

113. Radèn Kusèn dèn cêkêl tan kêni | kinêmbulan wong roro aniba | kasaliring ing tindake | jongor untunya runtuh | tan ngrasa Supala Supali | tangi nulya narajang | anuduk pan luput | pama kadi wêwayangan | Radèn Kusèn pangadêgira tan gingsir | tinêngên myang kiniwa ||

114. panuduke tuna tibèng siti | burangkangan pan kênèng kiparat | lumpuh dumuh citrakane | sêsambatnya mlas ayun | apuranên ulun dosèki | ywan ulun waluyaa | kadi ingkang dangu | punagi ulun ngawula | dhatêng kita saênggèn kita tut wuri | tulus dadi abdinya ||

115. Radèn Kusèn sigra dènya angling | Kakang Patah punapa rèhira |

--- 2 : 30 ---

si begal iki ature | Radèn Patah sumaur | ari Kusèn lamun prayogi | Si Supali Supala | warasêna iku | muliha ing wismanira | ingkang dhingin mirsa Supala Supali | citrakanira sirna ||

116. Radèn Patah ciptanirèng ati | aparêng lawan karsaning Suksma | andhatêngi barat gêdhe | ngêsês anginnya umyus | anub wraksa bayu-bajraning | sêmpal pang kaparapal | rug kang kayu apuh | sakèhing wrêksa tan ana | tan antara pun Supala pun Supali | katub dening maruta ||

117. mring gêgana Supala Supali | uwus têka anèng madya gantang | saalap-alap gêdhene | lamun sira dinulu | nulya sira salab wulati | tan antara Supala | Supali gya mudhun | tumiba ing wismanira | sarasane lwir kasur sari gumuling | agrah lir kinêpêtan ||

118. Radèn Kusèn sigra dènira ngling | Kakang Patah yèn prayoga kita | lah kesah saka ring kene | ing pasisir jumujug | nêdha ngadhang juragan sami | manawa ana liwat | nêdha padha nunut | Radèn Patah kaprayoga | ing ature Radèn Kusèn ingkang rayi | sigra nulya lumampah ||

119. radèn kalih sangang dinèng margi | wanantara tan boga tan nendra | angungang gunung ujunge | pasisir pan kadulu | ri kang gunung ngungang jaladri | ujung pan ingunggahan | dening robing ranu | mapan asri katingalan | ri pantêse dadya unggyaning abrangti | radèn kalih kacaryan ||

120. tatkala yar prapta anèng

--- 2 : 31 ---

giri | Rasyamuka tilasing patapan | ingênggenan radèn kalèh | wrêksa aking angaub | tigang côndra radèn tan gingsir | wrêksa aking apatra | angaubi sampun | ana juragan alayar | ing samodra parahu kandhêg tan gingsir | ki juragan kampita ||

121. ki juragan nulya aningali | pinggir ingkang gunung Rasyamuka | ana wong tapa kêkalèh | ki juragan amuwus | yèn kênaa lumampah aglis | palwaningsun alayar | sun marêk sang wiku | kang tapa nèng Rasyamuka | sun abêkti ngaturakên pati urip | nulya obah kang palwa ||

122. dan lumampah palwanira aris | ywan janmaa ciptane mangkana | angajak marêk rahadèn | ki juragan amuwus | baya iki karsaning Widi | hèh sakèhing bandhega | nêdha sami biluk | dinunung ring Rasyamuka | tarkaningwang payo marêk ing sang yakti | kang tapèng Rasyamuka ||

123. ingkang palwa lumampah lwir angin | sigra praptèng giri Rasyamuka | nulya cinancang pinggire | juragan nulya mudhun | dan sumêngka sira ing ardi | mênggêp narka mahatma | sêdyakêna iku | ciptanira mring rahadyan | nulya tinon Radèn Patah myang kang rayi | manusup wanantara ||

124. nulya dhatêng bayu-bajra angin | umyus mêsês manêmpuh ring wrêksa | manawa sêmpal êpange | pokah kayunya êpuh | kaparapal kabèh rug sami | cihnane janma prapta | ampuwan angasut | sigra umangsah juragan | wawang cundhuk kalawan rahadèn kalih | ki juragan gya mojar ||

125. hèh

--- 2 : 32 ---

sang sadu dibya sira kalih | dening wênang marêka ta sira | anggya ingkang durgamane | Rasyamuka ing gunung | parayangan kalawan êjin | yèn ingkang marikia | dahatira takut | punika anung prayoga | dene kita manusup ta wong kêkalih | ing giri Rasyamuka ||

126. lirning baya anung mamêdèni | ing karo duk anèng Rasyamuka | lan isika ing guhwane | sadu raksasa agung | lan liyanya pisaca iki | myang mong sêdhêngnya galak | umungguh ing gunung | lintang kagulung inambah | dening macan kagulung ana ing trêbis | marêngut ri kang monya ||

127. Rasyamuka agêng ingkang kali | malwaning lwahnya malungka-lungka | malwa mêloki pêluke | molêk kakolêk kaku | pan kaalêm saraning kali | nulya sira umêntas | katêbèng kang adhuh | ingkang kali dadya bêna | dening ana gajah lan atita iki | madyusirèng walahar ||

128. akwèh sing asahasaning asri | kamalakèng pan dadya mungsuhnya | janma ywan munggah ing kene | selanya apan lunyu | yèn ingandêl lèngsèr karikil | yakti janma aniba | kabêntus ing watu | talanya padha anêla | mèsi ula panêmburira amandi | matèni wisanira ||

129. sêsukêtan ing gunung miranti | ingkang ngalap aniba kantaka | malah si têka patine | liyan saking pukulun | taman wana têka ing giri | Rasyamuka punika | ing purwaning ulun | marangke munggah parbata | pun juragan wisma ulun pan Garêsik | alayar ing samodra ||

130. sapraptane [sapra...]

--- 2 : 33 ---

[...ptane] samodra ing giri | Rasyamuka kandhêg kang baita | dening ditya ing singite | dadya marêk ing ulun | dhatêng kita ulun ngabêkti | ngaturkên pêjah gêsang | sakarsanira nut | dening kasalat samodra | ulun ika duwe ujar angabêkti | katura kita nyawa ||

131. sang pandhita ing pundi purwèki | sangkan kita minggah ing parbata | ing Rasyamuka marangke | sigra mojar sang wiku | kyat ing sarat jênêng narpati | Arya Damar Palembang | sarwa boga agung | salir suta kang wisesa | paramarta ambêk sadu mapan adil | akwèh kang anèng sira ||

132. akèh sutanira dibya sêkti | pan ariku anging ulun dhawak | suta kang manda bêgjane | purwanipun tinundhung | dening yayah ulun ing nguni | dening ulun lênggana | ing parintahipun | kinèn gumantia nata | ing Palembang nulya ngong tilar nagari | tumanduk marangkea ||

133. ki juragan lamun sira mulih | maring Jawa sun nunut ing sira | samodra nunggang palwane | ki juragan umatur | sukur bagya sang maha yêkti | kita dhatêng ing Jawa | dadia panuntun | wadya Jawa iku mudha | damarana pêtênge manahirèki | kita dadia pandam ||

134. ki juragan lawan radèn kalih | sira mudhun marang ing samodra | nunggang palwa dan layare | ing samodra lumaku | anglir kuda angrap sira glis | prapta ing Surabaya | radèn nyawuk banyu | ginônda toya mrik sumyar | Radèn Patah mojar ing juragan aglis | ulun mudhun [mudhu...]

--- 2 : 34 ---

[...n] ing dharat ||

135. pracihnane ana ing wong adi | banyunira wangi ulun gônda | karannya rèrèn ing kene | anulya padha mudhun | Ngampèldênta dhusun wêwangi | Radèn Patah umulat | masigite munggul | ngungang bandar Surabaya | Radèn Patah kacaryan dera ningali | mangsup mring Ngampèldênta ||

136. Radèn Patah lawan ingkang rayi | kandhêg jaba anèng bale panjang | pacarabakan ing akèh | paliwara ing wiku | aran Jagawasita nênggih | lagya mring bale panjang | têtamu kapangguh | alinggih ing bale panjang | mring wong kêmbar samya pêkikira kalih | lwir Bathara Asmara ||

137. Jagawasita malêbèng puri | atur sêmbah maring sang pandhita | hèh Jêng Susuhunan Ngampèl | jawi wontên têtamu | wong kêkalih warnane sami | kadya hyang-hyang kinêmbar | samya bagus-bagus | Susunan Ngampèl kampita | megung rênggang palungguhira ing kathil | lèngsèr munggwing bantala ||

138. lwir katurunan lelatul kadri | samaneka ulun adhatêngan | gêlarana lêlinggihe | lan ta lêlamak babud | sampun anti dènya miranti | amasang palinggihan | dupane kumukus | kinarya wrêksa kalêmbak | myang kusuma mênyan madu lan kasturi | sang guru aswagata ||

139. Jagawasita nulya umijil | adan mêndhak anèng bale panjang | mojar mring rahadèn kalèh | kita dèn swèng sang pikuwiku. | Ngampèldênta manjing ing puri | radèn kalih punika | anulya tumanduk | tumama ing

--- 2 : 35 ---

ngabyantara | nulya cundhuk lan Susunan Ngampèlgadhing | hèh dhatêngan linggiha ||

140. Kangjêng Susuhunan Ngampèlgadhing | kaki putu ing pundi pinôngka | ulun kacaryan ing mangke | andulu kita putu | Radèn Patah umatur aris | hèh sang maha pandhita | tan wruh purwèng ulun | kadya lêlayangan pêgat | sanggèn tiba ngwang alasan mrak ngêmuli | nusu kidang manjangan ||

141. Susuhunan Ngampèldênta angling | kae putu ulun datan sama | yèn kita ika mulane | pantês trahing wong agung | pangulatan ing nala mami | sun têngahing watara | katimbang ing tanduk | kapanggih ing panalika | laku linggih solah muna lawan muni | minôngka panêngêran ||

142. Radèn Patah sigra dènya angling | hèh sang wiku lah kadi punapa | ing janma di panêngrane | candhi purana gêmpur | pracihnane tan ana kari | Pandhita Ngampèl mojar | cihnaning pandulu | yakti kabayan ing ujar | pangucape yakti kabayaning ati | tyas kabayaning Suksma ||

143. suksmaning sarira ya sarining | ring buwana swabawanya tekang | ing kalbu kalairane | kalairaning kalbu | nyatèng naya nitya nampani | sawadining wardaya | nitya wahyanipun | ing wacana gènnya mêdhar | pasthi kono panêngêraning janma di | widagdèng cipta maya ||

144. Radèn Patah nêmbah mring sang yakti | pan kakênan saciptaning rasa | sang maha yêkti dan linge | anêmbah radèn putu | maring ulun sira puniki | pira liring

--- 2 : 36 ---

anêmbah | ywan tan wruhèng tuduh | lwir anêmbah tawang-tuwang | tan sampurna dènira manjing astuti | wacananira bakal ||

145. Radèn Patah malingsêm ing ati | amiyarsa panabdèng pandhita | tan mantrèng wadi gatine | pan pêpakaning tanduk | lawan warah wara numungsinumusi. | karuhun ing agama | gumanti sinêngkung | anggagap ing gita basa | dêmi tan mantrèng punika sipi dening | yèn dadia sujana ||

146. lwir katurunan lelatul kadri | samene kapustakèng wardaya | durung tumon salamine | kang têka jlêg anulus | kang tan lawan ataki-taki | lamun tan anging iya | bisa tan winuruk | pan amung nayakaningrat | satêrahe têrus ing môngsa mangkyèki | tan ana mangkonoa ||

147. Radèn Patah matur ing sang yakti | ulun iki byanta jarwanana | sêmbah ingkang sampurnane | sigra mojar sang wiku | kang sinêmbah ingkang rumiyin | bapa dening kang yoga | kaping kalih guru | karane guru sinêmbah | nampurnakkên ing èlmunira sajati | gusti kang kaping tiga ||

148. pakarane sinêmbah kang gusti | dening purba lawan amisesa | kaping pat ing mratuwane | karan sinêmbah putu | dening awèh rasa sajati | kaping lima sinêmbah | sanak tuwa iku | dening gêgêntining yayah | iya iku padha unggyan pangabêkti | yèku kang katarima ||

149. Radèn Patah micara ing ati | sang pandhita iki pan waspada | widagdèng sawacanane | dahat ywan janma luhung | sang pandhita nauri

--- 2 : 37 ---

aris | karaningsun waspada | maring sira putu | tan beda lan raganira | ya lêlana atilar ing yayah bibi | subrata mati raga ||

150. ulun iki dudu wong ing Jawi | putranira Sang Putri ing Cêmpa | bapaningsun saking Tulèn | têrah nabi panutup | angajawa ingkang kêkasih | Makdum Brahim Asmara | apan kandhêg iku | ana nagara ing Cêmpa | rabi putri owah ping pitu kang warni | iku aputra ringwang ||

151. kang atuwa warnane sang putri | pan sadina pan owah ping lima | uwak ingsun ing bênêre | ingkang kalap sang prabu | tanah Jawa ing Majapait | purwaningsun ngajawa | kinon dening ibu | atinjo maring si uwa | kang sun tilar ing Cêmpa sampun kawatir | gêmpur de wong Pratokal ||

152. nulya ingsun kinon de rama ji | Majalangu rabi lawan suta | Dipati Wilatiktane | wisma kinon ing ulun | Ngampèldênta dhêkah ing rikingriki. | kinon dadia imam | ing Masigit Agung | ingiring wong Surabaya | marmanira wong Jawa Islam rumiyin | sarta kinon sang nata ||

153. sakathahe kang Islam wong Jawi | nora winangênan de sang nata | sagêlême manjing dhewe | kang tan purun puniku | manjing Islam nora pinardi | dene sri naranata | wong Jawa puniku | sakèh kang milwa maringwang | ingkang Islam kabèh sakèhing wong Jawi | pan misih padha kopar ||

154. ulun iki pandhita ngajawi | amêmocok dudu duweningwang | dening sih rama ji kabèh | mulane kandhêg [ka...]

--- 2 : 38 ---

[...ndhêg] ingsun | anèng Jawa kaprêman bumi | beda lawan pakara | wong Jawa satuhu | saturune duwe Jawa | pakaranira wus pinasthi ing Widi | amurwèng Raja Islam ||

155. lawan sira sapa kang wêwangi | taksis ulun ywan tan jarwanana | ing sasmitanira dhewe | Radèn Patah umatur | wasta ulun pun Patah nênggih | pun Kusèn ariningwang | singgih namanipun | radèn kalih samya nêmbah | mring pandhita tumama angguru nêggih | agaminira Islam ||

156. Radèn Patah lami tan winarni | anèng Ngampèl Radèn Kusèn mojar | Kakang Patah nêdha age | ngawulèng Majalangu | nutugakên sasmitèng nguni | Radèn Patah gya mojar | bênêr ariningsun | sira ngelingakên ingwang | dening lami ulun angguru sang yogi | jênêk ing Ngampèldênta ||

157. ulun iki Islam pan wus manjing | ing agama bêcik kawêkasan | purwane jagat kang angrèh | eman Isêlamipun | angawula ratu kang kapir | ari ywan sira arsa | ngawulaa iku | ing Majapait mangkata | sun amini sêdyanira dadi mantri | pracayèng praja wira ||

158. Radèn Kusèn sigra angabêkti | mring kang raka sira Radèn Patah | lêlinggihan sigra lèngsèr | Radèn Kusèn tumanduk | sigra mangsah mring Majapait | ri sêdhêng Brawijaya | miyos sitiluhur | sineba sagunging wadya | asri tinon upama parwata sami | ramya ing pagêlaran ||

159. Radèn Kusèn tumama wus prapti | madyanira ngalun-alun ika | sasor waringin kurunge |

--- 2 : 39 ---

palungguhira bukuh | pan masila mangrêpa iki | muka konjêm patalapratala. | anulya kadulu | dènira Sang Brawijaya | sigra mojar mudhuna sira apatih | wong dhedhe takonana ||

160. nulya mudhun Gajahmada Patih | prapta madya ngalun-alunira | cundhuncundhuk. lawan Radèn Kusèn | Gajahmada amuwus | wong ing ngêndi sira puniki | adhedhe madyanira | rêke ngalun-alun | lawan sapa jênêngira | Radèn Kusèn umatur dhatêng ki patih | pun Kusèn namaningwang ||

161. wong idêran manira puniki | tan wruh sangkan lwir layangan pêgat | tiba saênggènnya rèrèn | tiba tilêb ing kayun | salêksana sor rana ragi | prapta ing madyanira | anèng ngalun-alun | ing mangke ulun punika | kyai patih andika matur narpati | angabdi ulun iya ||

162. sigra mêsat Gajahmada Patih | nulya mangsah cundhuk lan sang nata | manêmbah sarta ature | ulun paduka utus | anakèni wong dhedhe singgih | anênggih wong idêran | tan wruh sangkanipun | ing mangke nêrkanêdya. ngawula | mring paduka ngaturakên pati urip | sarirane sumôngga ||

163. Brawijaya sigra dènira ngling | lah sèngana marangke dèn agya | kang alang alun-alune | dhedhe waringin kurung | Patih Gajahmada sira glis | mring alun-alunira | angêmbani wuwus | Majalangu Brawijaya | nulya cundhuk lan Radèn Kusèn nulya glis | ki patih sigra mojar ||

164. hèh Ki Kusèn kita pan dèn sèngi | maring satinggilsitinggil. dera

--- 2 : 40 ---

sang nata | lah iringên ulun age | Gajahmada tumanduk | lawan Radèn Kusèn umiring | prapta ing ngarsanira | Natèng Majalangu | masila padhapada. mangrêpa | Sri Narendra Majalêngka ngandika ris | Kusèn milua magang ||

165. tan warnanên laminira mangkin | Radèn Kusèn dènira ngawula | antuk karya pinakolèh | sigra jinunjung lungguh | wus kinulawisudha mangkin | Radèn Kusèn punika | Adipati Têrung | namane saking sang nata | sinung bala salêksa myang lungguh lampit | liyangan kandhaga mas ||

166. datatita lingira ing nguni | kang kocapa sira Radèn Patah | anantri ing Sunan Ngampèl | widigdanira punjul | lawan sakèhing para santri | Susunan Ngampèldênta | sigra dènya muwus | putuningong Radèn Patah | sira iki wus lami dènira ngaji | sira dadi pandhita ||

167. lakonana tataning nagari | Radèn Patah sira arabia | putuningsun yu rupane | Radèn Patah anuhun | tan lênggana dika sang yogi | ulun wacananira | inggih mapan anut | atakut ywan lêngganaa | sabdèng guru muranga andurakani | tutut mêmancanaka ||

168. tan antara Radèn Patah kawin | lawan ingkang wayah sang pandhita | Nyai Gêdhe Malokane | ingkang adarbe sunu | pambayune ingkang pinanggih- | akên lan Radèn Patah | dadi jodhonipun | alami datan winarna | Radèn Patah matur ing sang maha yakti | ulun pradikakêna ||

169. tinêdahna kawula [ka...]

--- 2 : 41 ---

[...wula] puniki | ugyaningwangunggyaningwang. jênêk dhêdhukuha | kang pundi wanantarane | Susunan Ngampèl muwus | lah ngulona bênêr sirèki | yèn ana wanantara | galagahe arum | yèku adi unggyanana | wanantara anênggih bênjing ing wuri | dadya nagara gêmah ||

170. Radèn Patah manêmbah nulya mit | anglampahi tuduhing pandhita | tumanduk radèn angilèn | anêrak ing wana gung | mêdyanira nulya kapanggih | galagahnya kawiyak | gandanya mrik arum | rahadèn nulya araryan | wanantara anênggih wastanirèki | ya wana ing Bintara ||

171. Radèn Patah têtaruka aglis | babad alas sampun dhinukuhan | anjênêngakên masjide | dadya Jumungah agung | têpis iring kang andhatêngi | dadya wisma Bintara | mapan manjing guru | sumuyud ing Radèn Patah | dadya gêmah wana ing Bintara mangkin | kasusra nagri liyan ||

11. Radèn Bondhan Kajawan

172. datatita lingira ing nguni | dyan kocapa Risang Brawijaya | Majapait nagarane | siniwèng sitiluhur | singangsana manik alinggih | pinatik nawarêtna | alêlamak babud | pêpak santana lan putra | angabèi tumênggung lan pra dipati | rôngga dêmang lan tôndha ||

173. Brawijaya sigra dènira ngling | hèh sang juru tênung lan tabibah | lan sira juru ujume | benjang sapungkur ingsun | apa ana ingkang gêntèni | satêrah-têrah

--- 2 : 42 ---

ingwang | anèng Majalangu | jumênênga Brawijaya | kadya ingsun lah jawabên dèn sayêkti | juru tênung aturnya ||

174. hèh sang nata kantun tigang siki | titis mêdhang pasthi dadi nata | gumantya nata jênênge | pan dados ratu agung | lan ing têmbe ngalih nagari | ing satêrah sang nata | ing Mataram nêngguh | kèdhêp sakèh Ratu Jawa | padha seba anênggih dhatêng Matawis | prabu tanpa singsingan ||

175. sri narendra luwaran tinangkil | pan tumama sirèng ngabyantara | widigdèng nata prabune | sigra sira macundhuk | lawan Putri ing Darawati | tan kawarnaa sira | akaroron lulut | warnanên mangke sang nata | gêrah sangêt rajasinganên narpati | alama tan sineba ||

176. sakèh usada tan anêdhasi | gêrahira sampun tigang côndra | tan ana ika sênggange | ing wayah tabuh têlu | amiyarsa swara tan kaksikèksi (dan di tempat lain). | wau sri naranata | kang swara sabda rum | arsa ta sira waluya | hèh sang nata sakitira iku ugi | anganggea wong wandhan ||

177. angulatana wong wandhan kuning | samôngsa rêke sira anggea | pinasthi waras sakite | kagyat tumulya wungu | Sri Narendra ing Maospait | ya kinèn ngulatana | wong wandhan nulya nut | bêbêktan saking ing Cêmpa | parêkane Nimas Ratu Darawati | bêboyongan sing wandhan ||

178. cinarita putri wandhan kuning | kamulane anèng nagri Cêmpa | duk kalèng wandhan bêdhahe | ya ta sira sang prabu | punang wandhan dipun sarèni |

--- 2 : 43 ---

sapisan nulya waras | gêrahe sang prabu | salaminira sang nata | anyarèni ing kênyatan kadi mangkin | ing mangke kang sarira ||

179. anulya wawrat sang wandhan kuning | sampun lama jangkêp ing samaya | saksana mbabar putrane | jalu warna abagus | cahyanira amindha sasi | sêdhênge sasadara | wus katur sang prabu | yèn wandhan kuning ambabar | miyos jalu warnane aluwih pêkik | cahya anglir sasôngka ||

180. sigra pinundhut sang jabang bayi | de sang nata anulya winangwang | tuhu yèn bagus rupane | angandika sang prabu | maring bala ing Majapait | lah sira timbalana | ri samitraningsun | sira Ki Buyut Masahar | juru sawahira mangke sang narpati | sigra praptèng ngayunan ||

181. Brawijaya sigra dènya angling | hèh Sang Buyut sira ing Masahar | ambilên jabang bayine | sira gawea sunu | apan sira nora nganaki | wêkas ingsun mring sira | yèn jangkêp sawindu | rare iku patènana | aywa sira lirwahlirwa. ing ubaya mami | sun supatani sira ||

182. karananya wêkas ingsun gati | maring sira ing sang rare jabang | si juru tênung tabibe | pinêca dadi ratu | lan angrusak ing jênêng mami | Ki Buyut ing Masahar | sigra amit mantuk | kang jabang bayi binêkta | praptèng wisma ni buyut egar ing ati | amanggih anak lanang ||

183. warnanira dinulu apêkik | mapan tusing subrata kusuma | nyai buyut langkung sihe | dènira darbe sunu | pan dinadah dinulang nênggih | esuk sore karêksa |

--- 2 : 44 ---

myang pangrêksanipun | ni buyut pinancawara | polahira kadi bêbêle pribadi | ing dalu kinêmitan ||

184. anak putu ingkang samya kêmit | sarupane tiyang pasawahan | kang jalu kêmit dalune | kang èstri mara esuk | miwah sore sami nyênyangking | anggawa pon-êmponnya | lawan lisahipun | miwah ambêkta dhadharan | pan akathah gumêrah kang angladèni | ing dalu lawan siyang ||

185. gêdêring wong lwir adarbe kardi | kyai buyut langkung sukanira | amarwata suta tyase | ya ta pan sampun puput | jabang bayi dipun wastani | Radèn Bondhan Kajawan | dènira ki buyut | kang jabang bayi samana | lwir ginege glis agêng kathah kang warsi | aumur kawan warsa ||

186. laminira jangkêp pitung warsi | Radèn Bondhan Kajawan punika | ki buyut nyèngi rabine | anakira ki buyut | pan andungkap ing pitung warsi | wêwêlinge sang nata | yèn jangkêp sawindu | umure atmajanira | ingsun kinèn matèni putranirèki | jrih ulun sinupatan ||

187. nyai buyut sigra dènya angling | kaki buyut suta pakênira | Ki Bondhan Kajawan Radèn | wus dadi manah ingsun | lamun ingsun ngalap pêpati | pan ingsun patènana | dènira karuhun | ki buyut narik curiga | tarkanira mring Radèn Bondhan sayêkti | nyai buyut aniba ||

188. nyai buyut kantaka tan sipi | kyai buyut kandhêg karsanira | anon kalêmpêr rabine | angucap [angu...]

--- 2 : 45 ---

[...cap] ing tyasipun | yèn sidaa ingsun pêjahi | anak ingsun Ki Bondhan | rabiningsun lampus | pindho papa awak ingwang | suta mati rabiningsun uga mati | lupèng rèh janma tama ||

189. kyai buyut agya amarani | rabinira anulya ingêmban | ki buyut aris wuwuse | rabiningsun ni buyut | anglilira sira dèn aglis | sun idhêp sabdanira | anakira wurung | gèn ingsun sêdya miala | nyai buyut anulya sira anglilir | putranira kinuswa ||

190. Kyai Buyut ing Masahar angling | yèn mangkono yayi karsanira | lah karia sira mangke | ingsun mring kitha iku | arsa matur maring sang aji | aywa katingal lirwa | ing ubaya ingsun | sarèh ingsun ingubayan | bok iyaa ingsun karya manis ing ling | panulake nakira ||

191. sun aturêne yèn sampun mati | anakira Ki Bondhan Kajawan | dèn abêcik rumêksane | anulya lumastantun | Kyai Buyut Masahar aglis | malêbwèng jroning kitha | nênggih Majalangu | age dènira lumampah | sigra prapta ing Majapait nagari | sang nata sinewaka ||

192. pêpêk sagung santana myang mantri | lan punggawa miwah para putra | atap ing pagêlarane | asri lamun dinulu | wadyanira ing Maospait | Ki Buyut ing Masahar | mangsêh ngalun-alun | alinggih ing panangkilan | masilanya mangrêpa tumungkul nênggih | nêmbah cundhuk sang nata ||

193. jabang bayi apan sampun mati | ulun [ulu...]

--- 2 : 46 ---

[...n] tuhu sabdaning narendra | sampun tutug ing umure | jangkêp ing pitung taun | Risang Nata ing Maospait | sigra dènya ngandika | tarima ngong Buyut | Masahar pracayanira | maring mami atma rêksa prasêtyaning | têmên-têmên kang ucap ||

194. uwus eca tyasing ulun iki | jabang bayi ing mêngko pralina | hèh wong mantri ingsun kabèh | sira padha angrungu | ing wartane wana anênggih | ing Bintara punika | ana wong dhêdhukuh | malah kasub ing nagara | dèn arani sadu dibya kusuma di | subrata mati raga ||

195. Adipati Têrung matur aris | hèh sang nata sadhèrèk kawula | Bintara padhêkahane | madyantara wana gung | risang nata anulya angling | Dipati Têrung sira | timbalana iku | marang kita kakangira | lah dèn agya ingsun arsa apêpanggih | lah mentara dèn agya ||

196. Adipati Têrung nêmbah amit | sigra mêsat agya lampahira | ingiring salêksa wonge | swarèng wadya lumaku | pan kumutug lir lesus angin | tumamèng wanantara | ing Bintara rawuh | mangsah cundhuk kakangira | Radèn Patah alinggih anèng surambi | ingayap ing sakabat ||

197. Adipati ing Têrung ngabêkti | nulya lênggah tumungkul mangrêpa | andhêku ing palungguhe | nulya sira umatur | Kakang Patah ulun puniki | dinuta ing sang nata | rêke Majalangu | kita kakang ingandikan | de sang nata pinarêk ing Maospati | sang natarsa pangguha ||

--- 2 : 47 ---

198. Adipati ing Têrung dera ngling | Radèn Patah angatag sakabat | pan kumutug têka kabèh | umikêt mangsah cundhuk | Radèn Patah lumampah aris | tan warnanên ing marga | praptèng Majalangu | agya masuk ing byantara | Radèn Patah kandhêg anèng sri manganti | sang nata kapangguha ||

199. sigra mojar Prabu Maospait | maring cèthi mundhuta paesan | pawongan amundhut age | nulya prapta ing ngayun | tinanggapan dera sang aji | nulya sira kinaca | warnane dinulu | sarupa lan Radèn Patah | kadya lirang anom tan kêna pinalih | suka tyasnya sang nata ||

200. Radèn Patah dinuk aprayogi | laku linggih solah lan pangucap | mênêng kalawan sêmune | sampun padha lan ratu | Sri Narendra ing Maospait | mojar ing Radèn Patah | sira pan sun aku | tanayaningsun dadia | Radèn Patah manêmbah maring sang aji | ngusap lêbu suku sang ||

201. Radèn Patah sampun antuk kardi | angawula kinulawisudha | apan jinunjung lungguhe | jinênêngakên sampun | Adipati Bintara nênggih | sinungan wong salêksa | jinajar alungguh | lan Dipati Têrung padha | arinira anèng pagêlaran sami | liyangan kandhaga mas ||

202. tan warnanên laminira mangkin | Adipati Bintara ngandikan | ing sang nata prapta age | ana ing lêmahdhuwur | Sri Narendra ing Maospait | mojar maring kang putra | adipati iku | ing Bintara lah muliha |

--- 2 : 48 ---

wismanira wana ing Bintara nênggih | gawanên wong salêksa ||

203. gêmahêna dènirèng wanadri | wirayate ing sapungkur ingwang | dadi nagara agêdhe | iku ing têmbe nêngguh | purwanira Islam nagari | iya iku ing Dêmak | nênggih aranipun | lamun sira anèng wisma | sabên warsa sebaa ing Majapait | lèn ing pêndhak katiga ||

204. Adipati Bintara ngastuti | angusapi lêbu ing suku sang | rinangkul suta janggane | ingaras de sang prabu | Adipati Bintara amit | sigra ngatag ing wadya | datêng kêkarutug | marakit bala salêksa | gajah jaran garbong pagêritan asri | agya dènya lumampah ||

205. tan warnanên laminirèng margi | sigra prapta ing wana Bintara | tumama sirèng wismane | ri sampunnya puniku | dadi gêmah kadya nagari | dhingin sabda pandhita | kaping kalih ratu | punika kang linampahan | de Bupati ing Bintara uwus lami | tansah brôngta ing suksma ||

12. Jaka Tarub

12. Asmaradana

1. sigêgên lingirèng nguni | wasita lèn dyan kocapa | prajèng Kudus winiraos | Ki Gêdhe ring Kudus ika | têtiga atmajanya | samya jalu bagus-bagus | lyan ibu ri kang taruna ||

2. tunggil ibunya kêkalih | ri kang atuwa punika | wus samya akrama karo | atmaja graha taruna | satunggil dèrèng krama | samana pan maksih

--- 2 : 49 ---

timur | wus lama pan adiwasa ||

3. tansah ingatag akrami | dening yayah sru lênggana | apan dahat pamopone | raosing tyas dahat mudha | ywan amawia graha | bwat rêncanèng ing tyasnya gung | mangkana panguningèng tyas ||

4. pan maksih kèh tyas kaèsthi | kautamaning sujanma | rumaos dèrèng tuk raos | marmanya dahat lênggana | kinèn krama ing yayah | nanging Ki Gêdhe ing Kudus | mojar sangêt mardyèng suta ||

5. lah kramaa sira kaki | aywa wèt kita alômba | akarya ucap ing akèh | yèn kita tan akramaa | lah kita pilih ana | atmajanya wong sa-Kudus | miwah lyan ing Kudus ika ||

6. môncapat môncanagari | sutanya kita piliha | sok kita sênênga bae | iyèngsun kang lumaksana | yèn kita kayunana | ri kang suta dahat nuhun | suka yèn karuntikana ||

7. ring mangke ulun puniki | dèrèng mantrèng nêdya ring dyah | pan wus kaulatan kabèh | dèrèng wontên dyah kadriya | yèn sêmbada paduka | ulun mangke nuhun bêndu | sampun age kramakêna ||

8. rika yayah têmah runtik | mirsa saaturing suta | de tan pinituhu linge | saksana tinundhung sira | nguni ri kang atmaja | ki gêdhe lingnya sru bêndu | amrih kèdhêp ri kang warah ||

9. dadya anggraitèng ati | Ki Jaka dènya dinukan | saya sru rudatin tyase | saking jrih dukaning yayah | dadya anilib tingal | musna

--- 2 : 50 ---

rikalaning dalu | tan ana ri kang wong wruha ||

10. enjing wus katur ramèki | yèn suta ring dalu musna | kagyat tyasira ki gêdhe | agya kinèn ngulatana | ing desa myang ing wana | ring praja lyan tan kapangguh | ki gêdhe narimèng sukma ||

11. mangkana ingkang winarni | kang murca ing prajanira | Ki Jaka lêpas lampahe | tan ana sinêdya ring tyas | tan lyan awanawasa | ring gunung Kêndhêng dinunung | praptèng wana tapa ngidang ||

12. tan arsa kongang ing janmi | Ki Jaka amati raga | datan kawarna lamine | samana kalunta-lunta | lampahira Ki Jaka | dyan umulat ri kang ranu | êning ring bèji pangangswan ||

13. ayom sitinya arêsik | kaèdêran sarwa sêkar | ayom sarwa sri yèn tinon | agya ararywan Ki Jaka | sasoring sarwa sêkar | Ki Jaka tanak alungguh | warnanên kang darbe taman ||

14. Ki Agêng ing Kêmbanglampir | ketang ri kang darbe taman | apan ika pangangsone | wong Kêmbanglampir kabèhnya | môngka kang cinarita | kyagêng ri atmajanipun | satunggil èstri utama ||

15. apan maksih rara kêncing | ayunira tanpa sama | wus amêpêg biraine | tansah pinrih akramaa | nanging dahat tan arsa | dèrèng wontên tyas dinunung | marmanira wèt alômba ||

16. samana ya maring bèji | angangsu datanpa rowang | wanci wus ing bêdhug suwe | warnanên ingkang angidang | rarywan têpining taman | samana mawas andulu | yèn ana dyah

--- 2 : 51 ---

kênya mara ||

17. karsanya yun dus ing bèji | yeka datanpa rêrowang | Ki Jaka sigra lumèngsèr | sênêtan ampunganampingan (dan di tempat lain). wrêksa | têpining bèji ika | nênggih wontên wrêksa kêpuh | madhampit lan wrêksa gayam ||

18. rika unggyannya mrih silib | Ki Jaka ya mrih katingal | nanging waspaos tingale | Ki Jaka marang sang rara | nanging sang dyah prayatna | ing sasolahbawanipun | sajro taman kawawasan ||

19. apan tan ana kaaksi | sang rara wus aprayatna | tan ana taha-tahane | sang rara mêdhar ing sinjang | kalawan kang sêmêkan | sang rara gya nyawuk banyu | sira tanpa patêlêsan ||

20. sang kadya dahat dumêling | sasêla-sêlaning raga | ingkang arupit katonton | ri sadanguning asiram | Ki Jaka pan waspada | adhasar dyah tuhu ayu | sarira tanpa warana ||

21. dangu dènira ningali | Ki Jaka sampun kagiwang | muhung sang rara nèng panon | supe ing kasutapanya | mulat ing dyah asiram | sang rara gya mêntas sampun | ngrasuk sinjang kasêmêkan ||

22. Ki Jaka agya umijil | saking unggwane sênêtan | dangunya nahên wirage | Ki Jaka ing Kudus ika | saêntasnya sang rara | amêksa nêkakkên kayun | dahat tan amawi taha ||

23. Ki Jaka murugi aglis | sang ayu sampun cinandhak | amisesa panggujêge | sang dyah gumêtêr angganya | rinakêt ring wong priya | apan satuwuk tumuwuh | dèrèng acêlak lan priya ||

24. nanging sang

--- 2 : 52 ---

dyah wus birai | dahat mêpêg balègira | watêk èstri lan kakunge | dadya sumèh sakarsanya | èngêt ênting balègnya | dyah amanggih kakung bagus | dumadya anunggil karsa ||

25. ing solah datan winarni | samana wus sacumbana | pan wus pasthining Hyang Manon | panggihing jêjaka rara | saking gênturing tapa | wijiling sujanma luhung | tan winarna solahira ||

26. ri uwusing mangkanèki | Ki Jaka sira gya kesah | umanjing ing wana malèh | angidang rika tapanya | tan arsa wruhèng janma | myang sang dyah rara wus mantuk | tan kawarna laminira ||

27. risang rara wus katawis | kêkandhangan ing awawrat | owah ing pasarirane | ibu rama datan samar | yèn têmah kawirangan | kang rama tansah anantun | amarsungdyèngamarsudyèng. sutanira ||

28. ingsun atanya sirèki | nini sapa rowangira | ngong jarwanana yêktine | yèn kita nini sajarwa | ngong dhaupakên sira | lan kang jampyani raras rum | aywa wèt akarya wirang ||

29. dahat dènira tan apti | yèn sajarwaa ing yayah | ni rara uwus karaos | yèn saya wuwuh wirangnya | ngakêna lyan kang nyata | dadya sang rara amupus | suka ywan têmah apêjah ||

30. têlas dènira mrih yakti | ki gêdhe mring atmajanya | asangêt pamarsudine | saking sangêting atmaja | gènnya tan arsa jarwa | têmah kaku ing tyasipun | ki gêdhe dahat runtiknya ||

31. rêngu wijilnya ri kang ling | manguman-uman ring suta | ki gêdhe [gê...]

--- 2 : 53 ---

[...dhe] tyasnya wus kepon | tan kawawa nahên wirang | mila atêmah puas | tyasnya ki gêdhe mring sunu | mangkana ri kang atmaja ||

32. sangêt jrih mring yayah runtik | saha tyas kandhahan wirang | samana ing ratri lolos | sang dyah tan jrih ratri siyang | wus manjing mêtwèng wana | tan kawarna laminipun | saya sêpuh dènya wawrat ||

33. wus têkèng samaya sasi | kang jabang bayi ambabar | anèng ing wana laire | ngaran wana Kapanasan | ri kang ibu palastra | konduran parastranipun | ri kang suta anèng dagan ||

34. apan wus karsèng Hyang Widi | urip ing rarywalit ika | munggwing dagannya bibine | sigêgên lèn kawarnaa | Ki Agêng Selandaka | ya karêmênnya nênulup | akalangênan ing wana ||

35. nanging sabên mring wanadri | Ki Agêng ing Selandaka | ywan anênulup kalangon | apa rika upadosa | dèrèng wruh cuwa ring tyas | anging kala môngsa iku | ki agêng dhatêng ing wana ||

36. nênulup kalangwanèki | nanging kadya sinupatan | tan mulat pêksi sawiyos | agêng kang arupa pêksya | ywan ki agêng manggiha | kinjêng kandhêla tan nêmu | myang kang warni buron wana ||

37. satunggil datan amanggih | muwah lèning buron wana | salirning kang kaupados | ki agêng datan lumiyatumiyat. | nanging tan sudèng karsa | ki gêdhe sangsayandarung | ngidul ngetan lampahira ||

38. apan tan tumamèng margi | Ki Gêdhe ing Selandaka | ring lampah nêmpuh wana grong | lingsèn karya

--- 2 : 54 ---

brata nika | unggwan ngupadi burwan | lêpas ring lampah andarung | sadhatênging Kapanasan ||

39. kagyat ki agêng ningali | rare jabang guladrahan | saha mlasakên tangise | nèng dagan bibi parastra | Kyagêng ing Selandaka | dahat wlasira andulu | saksana pinarêpêkan ||

40. wus awas dera ningali | Ki Agêng ing Selandaka | mring bibi ri kang wus layon | tuhu ayu warnanira | kadya trahing awirya | lawan rare jabang jalu | abagus suwarnanira ||

41. asangêt wlasirèng galih | Ki Agêng ing Selandaka | kagyat mêcat paningsête | cindhe kêmbang gya kinarya | angêmban rare ika | samana uwus sinambut | ingêmban kang rare jabang ||

42. agyarsa binêkta mulih | angalèr ngilèn lampahnya | ucapên madyèng margane | wontên kidang ngalang marga | lir minangsi wulungnyawulunya. | asungu kancana luru | anetra rêtna kumala ||

43. ki gêdhe sampun kagimir | mulat ri kang kidang êmas | agya arsa ingupados | ri kang kidang pinarêkan | kidang ika lumaywa | tan têbah palayunipun | tansah ngatingal ing ngarsa ||

44. ki agêng sangêt dera mrih | saking wus karêm ri kang tyas | dadya tinut saparane | kidang mring ki agêng ika | tan etang dalu siyang | ngalèr ngetan lampahipun | wus lêpas manggih patapan ||

45. ri kang kidang gya tan kaksi | sadhatêngirèng patapan | ki agêng cuwa ring tyase | angganya lêsu tan rêkat | tanbuh paraning duka |

--- 2 : 55 ---

dadya rarywalit sinêndhu | rinaos tanpa karyaa ||

46. mangkana anyiptèng ati | Ki Gêdhe ing Selandaka | kaya apa raganingong | anggawa rare kang jabang | tambuh ingkang ayoga | tan wrin ala bêcikipun | kalêbwèng cêla tyas ingwang ||

47. ri uwus anyiptèng ati | Ki Gêdhe ing Selandaka | agya nèlèhakên rare | sasor giyanti prênahnya | munggwing siti patapan | anulya tinilar sampun | jabang bayi gilang-gilang ||

48. sahira ki agêng aglis | andhatêngakên ing karsa | ngupaya kidang êmase | jabang bayi kang tinilar | anèng patapanira | ring nguni Ki Agêng Tarub | duk gêsang lwir guladrawa ||

13. Dhandhanggula

1. datatita lingira ing nguni | wontên malih ingkang cinarita | kang tinutur sajarahe | ni wulanjar ing Tarub | pan kalangkung kawêlasasih | satilare kang raka | tansah agung wuyung | kang dadya paraning brôngta | ni wulanjar ing Tarub dahat kapingin | wruh rasaning sêsuta ||

2. duk ing nguni maksih ri kang laki | nyai rôndha dèrèng asêsuta | kasêlak tilar kakunge | marmanya ya kalangkung | nyai rôndha dera prihatin | lali boga myang nendra | dahat dera nêkung | samana gya tinarima | de Hyang Suksma ing malêm Anggara Kasih | madya ratri wayahnya ||

3. anon cahya padhang anêlahi | ni rôndha prênah dhepok kang raka | patapane duk gêsange | ni rôndha kagyat dulu | ya ta nuli dipun parani | dhatêng ing nyai [nya...]

--- 2 : 56 ---

[...i] rôndha | gyan cahya kadulu | saking liwunge kang manah | ni wulanjar tan ana dèn kawêdèni | ri sapraptaning kana ||

4. nyai gêdhe pan kagyat mulat ing | dening ana jabang bayi lanang | sasor giyanti ênggone | gya pinaranan gupuh | unggyan ingkang ri jabang bayi | ya mring nyai wulanjar | nulya glis sinambut | kang jabang bayi ingêmban | mring ni rôndha saksana binêkta mulih | dhatêng ing wismanira ||

5. ri sapraptaning wisma tumuli | ni rôndha langkung bingah ing nala | anulya wêwêdhak age | apilis kunir apu | mangkah-mangkah pambayun kalih | lwir bêbêle ni rôndha | karsaning Hyang Agung | dinulur ing sakarsanya | nyai rôndha saluku dènya alinggih | sutanya sinusonan ||

6. ri saksana byar raina nuli | têtanggane pra sanak ni rôndha | miyarsa tangising rare | anulya samya rawuh | atêtinjo mirsa bêbayi | kagyat angling ing nala | kapanane iku | wawrat dene apêputra | baya sapa rencange apulangrêsmi | dahat gawok tumingal ||

7. ri kang têbah pra sanak pan prapti | atêtinjo mring nyai wulanjar | samya bêkta samêktane | ri kang bêbayinipun | nusu lamun ana têtami | ywan tan ana dhatêngan | pan tan arsa nusu | nanging jêmpoling astanya | kang dèn susu kacarita sapta ari | padhang anglir raina ||

8. soroting cahyaning jabang bayi | ri kang madhangi wismèng ni rôndha | dadya tan ana wêngine | nyai rôndha ing Tarub | salaminya darbe [dar...]

--- 2 : 57 ---

[...be] bêbayi | kathah darajatira | myang rijêkinya gung | ri sakwèhnya kang umulat | jalu èstri ring jabang bayi wlas-asih | saha kacaryan mulat ||

9. tan warnanên laminya ing mangkin | jabang bayi umur pitung warsa | dadya panutan rarywakèh | Ki Jaka bawanipun | rare cilik apan padha sih | tut wuri mring Ki Jaka | karyanya nênulup | angambil kinjêng kandhêla | sabên dina rarywakèh kang anut wuri | samya sih mring Ki Jaka ||

10. samana Ki Jaka aprihatin | sing gènnya ngarsakkên tulup ika | mila tan dhahar tan sare | kawarnaa ring dalu | kae Jaka sare naritis | anèng patapanira | ramanya karuhun | wayahe bangun raina | wontên dêmon sumaladhang ngulon guling | asangkoh ujung lanang ||

11. dyan cinandhak mring Ki Jaka aglis | punang dêmon aponthang kancana | Ki Jaka bungah manahe | enjing kesah nênulup | rare kathah samya tut wuri | sabên dina mangkana | mantuk lamun surup | samana saya diwasa | kae Jaka ngumur kawan wêlas warsi | maksih rêmên mangkana ||

12. nyai rôndha sangêt mituturi | mring kang putra lah sira kramaa | apan sira wus agêdhe | marènana nênulup | akramaa nak ingsun gusti | lah sira pilihana | parawan ing Tarub | pra tuwin Warung Sêsela | pilihana Ki Jaka umatur aris | ulun ibu lênggana ||

13. kala ing mangke tan arsa krami | maksih rêmên nênulup mring wana | wikana ibu ing têmbe | ibunira lingnya rum | lah ta

--- 2 : 58 ---

apa kang sira anti | lah sira wus winayah | ala ucapipun | yèn sira tan akramaa | apa sira nganti rabi widadari | ora karsa manusa ||

14. kae Jaka aturira aris | ibu sampun age kita duka | ing benjing pintên dangune | nyai rôndha amuwus | yèn mêngkono ta sira kaki | rêmên asaba wana | nanging wêkas ingsun | aja munggah ing prawata | lamun sira kaki anênulup paksi | iku ta pangalapan ||

15. ri sampunnya mangkana sira glis | Ki Jaka kesah dhatêng ing wana | ya ta nênulup karyane | ya ta saya andarung | lampahira tan manggih paksi | saya kalunta-lunta | supe wêkasipun | sigra minggah mring prawata | kae Jaka tan manggih pêksi satunggil | mangkana cinarita ||

16. wontên paksi endah ingkang warni | pinaranan dhumatêng Ki Jaka | akarsa tinulup age | punang pêksi dyan mabur | mencok ing pang dènya angalih | anulya ingangkatan | tinulup dan mabur | Ki Jaka langkung kacaryan | tinut wuri wau saparaning paksi | ya ta kalunta-lunta ||

17. sangsaya nêngah manjing wanadri | tinut wuri paksi mring Ki Jaka | gya manjing ing wana gêdhe | adoh lor adoh kidul | punang paksi ical tan kèksi | nênggih têngahing wana | wontên sêndhangipun | kang sêndhang wêning gumilang | kacarita padusaning widadari | Gara Kasih têkanya ||

18. wau nuju dinanggara Kasih | kang widadari nuju asiram | ing awang-awang sangkane | swaranira kumêrud |

--- 2 : 59 ---

kae Jaka garjitèng ati | iki swaraning apa | ing luhur kumêrud | dyan widadari tumêdhak | mring talaga Ki Jaka dhêdhêp tan angling | sarwi ampungan wrêksa ||

19. nulya cucul ingkang widadari | kasamêkankasêmêkan (dan di têmpat lain). sinjang lan rasukan | ambyur ing we siram kabèh | ganti kosokanipun | pambayunnya lir cêngkir gadhing | pindha wintang sinêbar | pancoroting banyu | Ki Jaka kenyut ing nala | tansah sabil ing nalanira pribadi | Ki Jaka anggarjita ||

20. arsa nyêlêr sinjang myang kulambi | Ki Jaka mara sarwi anglungsar | angula dumung lampahe | nulya inguthik sangkuh | ri kang sinjang lawan kulambi | saha kasamêkannya | wus kêna sinambut | mêhêng busana saangga | kang dèn ambil kêkêmbên sinjang kulambi | binêktèng mantuk wisma ||

21. sapraptane ing wisma tumuli | kasêmêkan sinjang lan rasukan | nulya sinimpênan age | anèng dhasaring lumbung | kae Jaka wangsul tumuli | ambêkta kasêmêkan | lawan sinjangipun | sigra wangsul dhatêng wana | sampun praptèng talaga têngah wanadri | Ki Jaka ling-alingan ||

22. kang asiram pêpakan pan maksih | sami cêciblon eca kosokan | agênti lawan rowange | adangu dènya adus | tanpa nyana lamun dèn intip | ya ta sira Ki Jaka | sigra watuk-watuk | saksana kagyat kabèhnya | widadari umulat mring sang apêkik | samya mabur mring wiyat ||

23. umantuk mring kayanganirèki | apan ana ya kari satunggal | anuju

--- 2 : 60 ---

kang pangarsane | maksih anèng jro ranu | ingkang ilang bwaksananèki | Dèwi Anawangwulan | ri kêkasihipun | maksih akungkum jro toya | ri warnanya lêwih samèng widadari | lwir sasôngka cahyanya ||

24. Ki Jaka Tarub agya marani | sarya angling alon ri wuwusnya | dahat tambuh patakone | inggih kita mbok ayu | lah ring pundi pinangkèng nguni | sintên sinambat nama | angum jroning ranu | lah kita punapa karya | dahat lawas ulun iki aningali | lah kita sajarwaa ||

25. sang dyah ayu angling asmu nangis | pan ingsun iki dudu manusa | widadari sayêktine | Nawangwulan ran ingsun | ingsun adus ing tlaga iki | tinilar mulih ingwang | maring rowang ingsun | kagyat ana janma prapta | janma edan akarya kagyating galih | mijile rowang ingwang ||

14. Mijil

1. kêkêmbên sinjang rasukan mami | ing wataraningong | pasthine ika karangkud bae | pasthi ika kêkècèr ing margi | saking rika ugi | ngagèti wong adus ||

2. baya mêndêm gadhung rika ugi | tan wruh ring wong wadon | Ki Jaka mèsêm amanis linge | wong ayu sampun runtik ing galih | apan ulun iki | dahat dening tambuh ||

3. yèn sêmbada lan karsanirèki | dawêg apêpadon | inggih ing supama-supamine | wontêna ingkang asung kulambi | sinjang lan cêmênthing | paran upahipun ||

4. sang juwita ling ya anauri | kalamun wong anom | sung sinjang cêmênthing kulambine |

--- 2 : 61 ---

ingsun aku saudarawèdi | yèn wong tuwa ugi | bapa angkah ingsun ||

5. kae Jaka ing Tarub sigra ngling | bilih kita tamboh | inggih ulun ing mangke adarbe | sinjang rasukan lawan camênthing | nanging mangke taksih | èwêd pabênipun ||

6. yèn makatêna kewala ugi | pabêne sang sinom | sayêkti dèrèng wontên mantrane | yèn mêthukana lawan tyas mami | dening kajêng mami | yèn andika pêthuk ||

7. inggih darbèk kawula puniki | kula karya tukon | yèn kitarsa tômpa sayêktine | pasthi kita ulun karya rabi | apan darbe mami | inggih mung puniku ||

8. lah punapa lêgaa ing galih | ing wiraos ingong | yèn wus suka sang ayu galihe | dawêg puniki dika tampèni | yèn wus dika tampi | ing sapasrah ulun ||

9. lah kita dadia rabi mami | darbèk dadi tukon | puniku yèn sêmbada karsane | sang dyah ayu èmêng tyas tanpa ngling | Ki Jaka ngling malih | kadipundi kayun ||

10. sampun mindêl kemawon ta gusti | ecane tyas ingong | sang dyah ayu kèwêdan ri linge | sarya tumungkul angum jro warih | sangsaya mlas-asih | citrane sang ayu ||

11. ling ya Ki Jaka lah kadipundi | ecane tiningong | sang dyah ayu anulya dan linge | inggih yèn kita tulus nyukani | sinjang lan kulambi | maring raganingsun ||

12. mugi andika tulusa dadi | samitra sayêktos | ing ingaran sudarawèdine | nenedene. ing jangji

--- 2 : 62 ---

salakirabi | pan lênggana mami | yèn dadia dhaup ||

13. kae Jaka sigra dènira ngling | lah ta yèn mangkono | yèn kusuma tan arsa kramane | pasthi manira nora ngaturi | ngaran kêthèk langking | baya durung kontung ||

14. yèn apanggiha awak puniki | lan sang liring sinom | yêkti tan asung ulun pasthine | sang kusuma kèwêdan ing galih | angartikèng ati | paran têmahipun ||

15. yèn tan nurutana ingsun iki | ing sakarsanya wong | yêkti awèt ngong nèng toya kene | lawan ingsun sidaa apanggih | kalawan wong iki | paran polah ingsun ||

16. dening manusa lan widadari | baya raganingong | uwus karsaning dewa yêktine | kaya ngapa gon ingsun gumingsir | Nawangwulan angling | lah iya ki bagus ||

17. raga manira iki ing mangkin | karsanira ngrêngkoh | nanging manira sungana age | sinjang kasamêkan lan kulambi | Ki Jaka nulya glis | ngulungakên sampun ||

18. sinjang rasukan sampun dèn tampi | mring sang ayu gupoh | dyan rinasuk pasungsung sakèhe | Ki Jaka dahat suka tyasnèki | sang rêtna nulya glis | mêntas saking ranu ||

19. tan antara nulya dèn aturi | wau sang lir sinom | mring Ki Jaka mantuk ing wismane | ya ta lumampah tiyang kêkalih | Ki Jaka umiring | lumakya ing pungkur ||

20. tan kuciwa sang dyah dadya rabi | pinèt ing pasêmon | lwir Kamajaya lawan Ratihe | sang dyah lumampah tumungkul isin | gêgêtun [gêgêtu...]

--- 2 : 63 ---

[...n] tan sipi | ri polah kagugu ||

21. dene tan anyana tan angimpi | ring tyas sang lir sinom | yèn manusa kang dadya lakine | wus anyipta ywan karsaning Widi | tan kêna wah gingsir | wau lampahipun ||

22. sampun prapta ing wismanirèki | ni rôndha duk anon | mring kang putra pinalayon age | gupuh rinangkul putranirèki | sira têka ngêndi | gusti anak ingsun ||

23. deningdene. ta sira olih pawèstri | suta matur alon | punika putra andika mangke | unggwan manira anyar akrami | sampun samya linggih | wong têtiga ibu ||

24. tuhu yèn datan ana tumandhing | ayune nak ingong | baya iki kang kalokèng akèh | ingkang ingaranan widadari | Supraba ing swargi | ni rôndha gya muwus ||

25. alah uwis anak ingsun gusti | brêsihana gupoh | wiwahaning salakirabine | tan kawarna wus dèn wiwahani | apan suka sami | sakèhe wong Tarub ||

26. munggwing wisma ni rôndha tanpa ngling | mulat sang lwir sinom | sakalangkung pangalêming tyase | adhuh anak ingsun sira gusti | bisa têmên rabi | dening ayu langkung ||

27. ni rôndha langkung bungah ing ati | dahat apêpondhong | sarya uwus dèn jarwani kabèh | dening sutanira sang apêkik | duk kala apanggih | nèng talaga dangu ||

28. mila sangsaya bungah ing galih | bungah tanpa nganggo | ni rôndha warêg tanpa buktine | kang mantu tansah ginusti-gusti | atut dera [de...]

--- 2 : 64 ---

[...ra] krami | ni rôndha kalangkung ||

29. dènya amarwata sukèng ati | mawas suta karo | dene datan ana kuciwane | jalu èstri tan ana winanci | èstri ayu luwih | kakung lêwih bagus ||

30. dalêmira ni rôndha ing mangkin | pinapajang kaot | lir kaswargan ri pêpajangane | kawarnaa putra jalu èstri | kalih samya linggih | munggwing kasur babud ||

31. wus sumurup Hyang Pratônggapati | Hyang Côndra gumantos | sumilih lwir raina padhange | anuju wau purnamasidhi | pasaja sang dèwi | jatmika ing sêmu ||

32. tan kadêrêng awiragèng ragi | sang apindha sinom | nanging sasolah asung wuyunge | cahya mancur tan ana tumandhing | sigra sang lir Ratih | rinarêpèng kakung ||

33. tansah rinungrum ingarih-arih | sang murtining sinom | sarya ingêmban dhatêng kakunge | binêkta marang ing jinêmwangi | tumangkêb kang samir | lunggwèng madyèng kasur ||

34. kakungnya dahat maring ing rabi | srênggara kalangon | nguswa saha pangasih-asihe | mangrêngih lwir sadpada upami | kang anguswèng sari | mrih wêdharing santun ||

35. ri upami kadya pa dera mrih | sari tunjung anom | yèn tan sabara sirèng kaptine | môngsa olih sari kadadyaning | bramara tiwas ing | tanpolih mrih santun ||

36. dadya sêkar wigar saunggwaning | tiba tanpa ênggon | kakung manêkakkên asmarane | sang rêtna yu saha miwal kapti | dhasare sang dèwi | canggèh tilamsantun ||

--- 2 : 65 ---

37. sang kakung arsa angaras pipi | dyah nginggati gupoh | sarya ngling alon ing pamuwuse | hèh babo baya arsa punapi | têka anggêgampil | pipi kang jinujug ||

38. kumawawa iki sun arani | angkuhe mring wadon | dene daya gêlêma ing mangke | angkoh têka gathana-gathini | kudu ngaras pipi | kaya wong ingugung ||

39. gêthing têmên ingsun iki ugi | yèn ana wong lencong | dening tan kandhêg ujar tan sarèh | lah uwis uculna asta mami | kakung saya ngukih | widagdèng pangungrum ||

40. tan winarna dènya mawor kapti | sang apindha sinom | kalawan kakung Jaka Tarube | awêlèh yèn wêdhara ing tulis | kawarnaa mangkin | wusing awor lulut ||

41. sang dyah samana kalihan linggih | lan kakung sang anom | apan sêdhênge pêpasihane | ing siyang ika anutug ratri | atut dènya krami | jalu èstri lulut ||

42. ing têmah kakung nêkakkên kapti | lwir bramara awor | ring puspita sru mamrih madune | arêmih-rêmih swara nrang gêndhis | sang dyah wus tanpolih | dera miwal kayun ||

43. datan kêna bêngganga sanyari | tansah wor kalangon | kadi mimi ing siyang ratrine | kakung asih ing garwa nglangkungi | sang rêtna yu asih | ing kakung kalangkung ||

44. kacarita apan sampun lami | dènya sapatêmon | kae Jaka ing Tarub ing mangke | kalawan kang garwa widadari | sangsaya alami | sang rêtnaning ayu ||

45. angidham-idham [a...]

--- 2 : 66 ---

[...ngidham-idham] kaworan nênggih | sangsaya awuwoh | asih lulute dhatêng kakunge | Nyai Rôndha ing Tarub winarni | samana wus lalis | tan tulus atunggu ||

46. ri satilare ibunirèki | ya ta winiraos | Ki Jaka tulus ing pakramane | kacarita sasedaning bibi | Ki Jaka gumanti | nama Kyagêng Tarub ||

47. pan dadya pangaubanirèki | ri sakwèh punang wong | ing Tarub samya gusti anggêpe | myang wong Sêsela kabèh wêdyasih | suyud jalu èstri | mring Ki Agêng Tarub ||

48. dyan warnanên kusumaning adi | dènira ambobot | saya lama têkèng antarane | ya ta ambabar kang jabang bayi | apan miyos èstri | cahyane umancur ||

49. asawung wulan purnamasidi | kawawas mancorong | ibu rama kalangkung asihe | watêk atmaja lagya satunggil | samana lumiling | èsême lwir juruh ||

15. Dhandhanggula

1. sakamantyan ingkang jabang bayi | sarirane lir mas sinêpuhan | lagya lumiling wayahe | citrane lêwih ayu | winastanan Rara Nawangsih | ingkang rama samana | sihira kalangkung | atanapi ibunira | sangêt trêsna dhatêng ing Rara Nawangsih | langkung dinama-dama ||

2. sang dyah umatur dhatêng ing laki | manira dhatêng lèpèn sakêdhap | angumbah popoking rare | apan botên adangu | mung dang-dangan manira iki | pakênira tunggua | nanging wêkas ingsun | Ki Omah mring pakênira | alah poma sampun ta para

--- 2 : 67 ---

ungkabi | ing sapungkur manira ||

3. alah boya amêmêkas malih | kakang nauri lah yayi iya | ing mêngko ingsun tunggune | nulya mangkat sang ayu | nyangking popoking jabang bayi | wau ta kawarnaa | Ki Agêng ing Tarub | ingkang atêngga dang-dangan | sarwi momong atmaja kang taksih alit | sinambi ingkang putra ||

4. Ki Agêng Tarub micarèng ati | rabiningsun pan sampun alama | iba si apa lamine | ingsun kayani pantun | mung salumbung pan durung rêmpid | iya sababe apa | liwat barkatipun | pan ingsun ora anduga | Kyai Agêng ing Tarub tansah ngling ati | sarwi têngga dang-dangan ||

5. nora kandhêg urube kang gêni | Ki Agêng Tarub pan wus dilalah | manahipun salah gawe | ènthèng astane ganggu | kang dang-dangan dipun ungkabi | gya kêkêbe dèn angkat | ki agêng duk mangu | iya kang anèng kukusan | deningdene. têka iya mung pari sawuli | punika kang dipun dang ||

6. agya nuli kinêkêban malih | ênêngêna kang têngga dang-dangan | ucapên kang dhatêng lèpèn | samana nuli rawuh | meme popoking jabang bayi | lajêng dhatêng padangan | anggantosi kakung | kang raka mêntas mring wisma | sang dyah ayu ing wau atunggu gêni | sinantêr dènya adang ||

7. ya ta sinantêr urubing gêni | wus dèn olah langkung sing antara | nora sumub dang-dangane | sang dyah micarèng kalbu | liwat saking adate lami | dang-dangan ingsun iya | suwe nora [no...]

--- 2 : 68 ---

[...ra] sumub | nora atalah olaha | salah gawe wong lanang atunggu gêni | wataraningsun iya ||

8. dang-dangan nulya dipun ungkabi | ora ta Ki Omah nglirkên wêkas | mêngko ta sun tilikane | kêkêb nulya jinunjung | apan maksih pari sawuli | sang dyah atêbah jaja | bênêr ora luput | ujar ingsun silih apa | alah iya baya ta sampun pinasthi | ingsun pisah lan sira ||

9. dene têka anglirkên wêwêling | malah silih aja dèn wêkasa | têka sira salah gawe | sang dyah ayu amuwus | kakungira kang dèn takoni | Ki Omah pakênira | boya ganggu-ganggu | wau sapungkur manira | pakênira baya angungkab-ungkabi | ing dang-dangan manira ||

10. wêkasane sira apêpanggih | lan manira ing mangke kewala | baya ta sampun jangjine | pan manira karuhun | asal saking ing widadari | apan wus kamanusan | iya milanipun | amarga ing pakênira | lah Ki Omah manira apamit mulih | maring kayangan ingwang ||

11. ingsun mangke kamanusan malih | iya saking tingkah pakênira | baya ta sampun jangjine | kakung tan kêna muwus | sakalangkung ngungun tan sipi | kaya dèn wangsulêna | polahe kang luput | anglês kang sarira lupa | dening garwa mangke atêmaha runtik | gêgêtune nalôngsa ||

12. sangêt gêlane sang liring sari | apan beda kaya saban-saban | owah sakalir-kalire | wus andèh manahipun | kawarnaa ngalami-lami |

--- 2 : 69 ---

ical kasêktènira | tan kadi karuhun | sangêt dènya kamanusan | sasolahe owah kalawan kariyin | Dèwi Anawangwulan ||

13. kalampahan wau sabên enjing | angratêngi sêga lawan jangan | jamak-jamak lan wong akèh | pan katêkan anutu | nora towong pan sabên enjing | pari salumbung têlas | wau sang rêtna yu | samana ya ta katingal | kang rasukan ôntakusuma kapanggih | ana ing dhasar pisan ||

14. sang dyah ayu jêngêr krasèng ati | cidraning laki saya katingal | kaya ginugah bêndune | nora sangsaya lipur | saya katon nora sayêkti | mila saya angrêbda | dukane sang ayu | angucap ing lakinira | lah Ki Omah manira apamit mulih | pakênira kantuna ||

15. manawa rare iku anangis | para gawèkêna pêpanggungan | apan iku panangise | rare maksih anusu | milanipun lamun anangis | unggahnèng pêpanggungan | mêrang kêtan wulung | sarate para obonga | soring panggung dening manira nuruni | iku wêkas manira ||

16. kakungira angling amlasasih | Gusti unggwan ulun angawula | ywan ulun ana sisipe | lah apuranên ulun | benjing malih amêmarèni | yèn tan ingapuraa | tatar wlas marèngsun | sapa ta ri kang asiha | mring ulun ya yèn kita prasida mulih | ulun lah pêjahana ||

17. ywan ulun yayi wus têmah pati | lah tilarên ri sakarsa kita | ulun tan wruh sawurine |

--- 2 : 70 ---

tan sagêd ulun kantun | lamun kita tilara yayi | yêkti ingong palastra | brôngta ri sang arum | kayaparan karsanira | kita tilar yêkti suta kita nangis | tanya marang ing sira ||

18. dahat tan bisa ulun mas yayi | amomong marang ing sutanira | aparing ênêng-ênênge | dene maksih anusu | kayaparan polah ngong yayi | angling rêtna juwita | yèn arsa anusu | gya unggah nèng pêpanggungan | dening mênêng rareku dera anangis | mêrang kita obonga ||

19. kita ampah ringwang datan kêni | apan uwis padha ujar pisan | amunga samene bae | ya ta Ki Agêng Tarub | tatar wruh ywan luhnya drês mijil | umulat sutanira | tinilar ing ibu | rêtna juwita ris mojar | lah Ki Omah ulun ri mangke atitip | iya ring sutanira ||

20. sigra sang rêtna ngrasuk kulambi | arsa umulih mring kayangannya | wus anyandhak mrang sagèdhèng | iya mrang kêtan wulung | kakungira ika mulat ring | graha pinarêpêkan | kaarsa sinambut | sang dyah apan wus prayatna | dupi parêk sang rêtna di anginggati | mêrang agya ingobar ||

21. sigra anurut kukusing gêni | Ki Agêng Tarub ika akarsa | anututi ring garwane | cinandhak-candhak luput | sang kusuma datanpa nolih | wus muluk angambara | lêpas tan kadulu | sang kakung kari anggana | tanpa jiwa amung garwa kang kaèsthi | kang mikrad ring kayangan ||

22. ri kang putra wau dèn tingali | luhnya mijil adrês ingusapan |

--- 2 : 71 ---

suta tansah ngaras bae | dhuh nyawa sutèng ulun | de ta dahat kawêlasasih | lah paran polah ingwang | ywan arsa anusu | anèng ngêndi ibunira | sigra èngêt ri wêwêkase ring rabi | ywan nangis ri kang suta ||

23. wêwêkase agya dèn lakoni | ya ta ana ngaran kayu gêtas | lêlima ika kathahe | ingkang kinarya panggung | tan antara sigra wus dadi | ing ngisor pêpanggungan | mêrang kêtan wulung | rika pinarnah ing ngandhap | karsa nusu kang jabang bayi anangis | sinambut de ramanya ||

24. gya winawèng minggah kang rarywalit | wus pinarnah anèng pêpanggungan | suta wus tinilar age | Kyagêng Tarub gya mudhun | ri kang suta dahat anangis | glis tumulya ingobar | kang mrang kêtan wulung | apan ta datan antara | ri kang ibu wus prapta gya anusoni | iya ring sutanira ||

25. wusnya umênêng dènira nangis | Ki Agêng Tarub eca ri kang tyas | suta wus mênêng tangise | ri kang rarywalit tutut | wus adangu dera nusoni | gya tinilar sutanya | wus mêsat sang ayu | marang ring kayanganira | pan sapisan pindho ping têlu nêsêpi | sabên dina mangkana ||

26. datan arsa anusua malih | ing sabên dina mêhêng sapisan | sabên ing wayah têngange | jabang bayi atutut | dyan warnanên sampun alami | jabang bayi punika | tan arsa anusu | pan aglis agêng walagang | wus ingaran Ni Rara Rêtna Nawangsih | ri wayah sêsapihan ||

27. wus katara [kata...]

--- 2 : 72 ---

[...ra] yèn ayu linêwih | ri suwarna sang rara punika | tan roro lawan ibune | samana wayahipun | apan lagya jêbên atapih | lagi angrusak taman | sigêgên karuhun | kawarnaa sutanira | Brawijaya ri kang sinampar kariyin | kang anèng pasawahan ||

28. ri kang patutan lan Wandhankuning | winastan Radèn Bodhan Kajawan | ênting baguse rupane | ri kang cahya sumunu | anglir wulan purnamasidi | apan uwus awayah | sapangon gêngipun | saha tingkah dahat beda | lan rare kèh tuhu abagus linêwih | Radyan Bondhan Kajawan ||

29. Ki Buyut Masahar dyan winarni | arsa asrah pantun mring sang nata | ring Majapait wadale | dahat kèh ri kang pantun | pan rinêmbat dera wong cilik | Radèn Bondhan Kajawan | samana pan tumut | kalayu ri kang bapanta | kae Buyut Masahar pan datan uning | yèn tumut sutanira ||

30. Brawijaya pan lagya siniwi | dening bala anèng pagêlaran | pêpêk kang wadyabalane | ri kang pra putrèng ayun | duk pinarêk ing kathil manik | mancur yèn tiningalan | alêlamak babud | sira Ki Buyut Masahar | dyan macundhuk muka lir konjêm ing siti | ngaturkên wadalira ||

31. Brawijaya sigra dènya angling | hèh wong gêdhong sigra tampanana | Buyut Masahar wadale | agya tinampan sampun | sira Radèn Bondhan winarni | lumêbêt sitibêntar | paniyagan jujug | nabuh gong sêkar dalima | pan tinitir kagyat sakèhing anangkil |

--- 2 : 73 ---

gôngsa ki sêkar munya ||

32. Brawijaya kampita ring ati | amiyarsa yèn ki sêkar munya | kapêdhak ingatag kabèh | amariksaa gupuh | pinariksa yèn rarè alit | ingkang anabuh gôngsa | cinêkêlan sampun | tinakon yèn anakira | Kyai Buyut Masahar pan juru sabin | katur dhatêng sang nata ||

33. Brawijaya sigra dènya angling | hèh Ki Buyut sira ing Masahar | iku sutanira dhewe | kyai buyut umatur | inggih yêktos pan suta mami | mèsêm Sang Brawijaya | anduga ing kalbu | yèn nguni kanggwanan putra | ing sang nata nanging kaatur wus lalis | mangkya darbe atmaja ||

34. tansah winawang wangwang kang warni | de sang nata sira Radèn Bondhan | amalêsi ing sêmune | trahing kusuma ratu | Brawijaya angandika ris | sun pundhut anakira | sumôngga ki buyut | alah sira parakêna | ring samitra Ki Gêdhe ing Tarub mangkin | buyut matur sandika ||

35. gya pinatêdhan dhuwung kêkalih | waos satunggil de Brawijaya | waos ngaran Ki Palèrèd | dene namaning dhuwung | Ki Maesanular satunggil | kang satunggil Malela | dhuwung kalih wau | apan sampun katampenan | mring Dyan Jaka katiga waos satunggil | Dyan Bondhan suka ring tyas ||

36. ri wus pinaring dhuwung kêkalih | waos satunggal Rahadyan Jaka | de sang nata jêngkar age | angadhaton sang prabu | kae Buyut Masahar mulih | kalawan Radèn [Ra...]

--- 2 : 74 ---

[...dèn] Bondhan | anjujug ing Tarub | ya ta ana wong bêbegal | wong kêkalih sami angadhang ing margi | amatyani sopana ||

37. Radèn Bondhan angandika aris | iya bapa ana wong bêbegal | ki buyut umpêtan age | ana soring palumpung | Radèn Bondhan dipun kalihi | sinudukan tan pasah | kang begal lingnya sru | lah mara kita malêsa | mara ringwang rahadèn gya narik kêris | ri kang wak-awak waja ||

38. sigra malês radèn anglarihi | ri wong begal asilih prajaya | atêmpuh caruk dhuwunge | radyan dhuwunge putung | agya radyan anarik malih | dhuwung Ki Mesanular | nèng asta kumutug | rahadyan nêmpuh marjaya | kang bêbegal kêkalih wus dèn larihi | wus pêjah kalih pisan ||

39. Radèn Bondhan nibakkên prajangji | iya benjang anak putuningwang | aywana ingkang angangge | iya ta ingkang dhuwung | awak-awak waja puniki | lêstari lampahira | ing Tarub jinujug | dyan ing mangke kawarnaa | Kyai Agêng ing Tarub ingkang ginupit | kang kasmaran ing garwa ||

16. Asmaradana

1. atmajanira pawèstri | awayah pangrusak taman | Rara Nawangsih namane | warnanya yu tanpa sama | langkung dinama-dama | mangkana Ki Agêng Tarub | aris dènya angandika ||

2. kita têtêbaha nini | lawan aglara kalasa | alah ta nini dèn age | ri mangkya ana dhatêngan | apan tusing kusuma | kalawan wijiling ratu | lawan [lawa...]

--- 2 : 75 ---

[...n] êmbane satunggal ||

3. agêpah Rara Nawangsih | sampun anggêlar kalasa | datan antara dhatênge | Rahadèn Bondhan Kajawan | lawan Buyut Masahar | ri sampunnya tata lungguh | Ki Agêng Tarub ngandika ||

4. lah kita lungguha kaki | kusuma kang lagi prapta | bagea kita rahadèn | angling Ki Buyut Masahar | inggih ulun anêdha | saking panambramèng wiku | datan sagênsagêd. mangsulana ||

5. mila ulun dhatêng ngriki | ingutus de Brawijaya | anrahakên atmajane | inggih dhatêng ing paduka | môngsaborong enging. karsa | gwan kita mulang amuruk | mring Radèn Bondhan Kajawan ||

6. Ki Agêng Tarub kadugi | ring sêmune Brawijaya | dadya sandika ature | dening Ki Buyut Masahar | pan sampun sinambrama | tumulya pamitan mantuk | Rahadèn Bondhan tinilar ||

7. Ki Agêng Tarub lingnya ris | mring Radèn Bondhan Kajawan | apa karasan rahadèn | awisma ing padhukuhan | sira Rahadèn Bondhan | Kajawan ature nuhun | Ki Agêng Tarub ngandika ||

8. lah sadulurira ugi | pawèstri amung satunggal | tinilar dening ibune | iku dahat kawlasarsa | aran Ni Nawangtrêsna | kita akua sadulur | rara sira marenea ||

9. iki kadangira lagi | prapta saking pangumbaran | ya sadulur kita dhewe | ni rara sira gya prapta | maksih watêk taruna | dadya ri kang tyas mituhu | saling pitêdahing rama ||

10. ing wayah rumaja putri | dèrèng wruh

--- 2 : 76 ---

ing | rumakêt kakang basane | tan amawi taha-taha | mring sira Radèn Bondhan | tyasnya nyadulur satuhu | rèh mituhu linging rama ||

11. Ki Agêng Tarub sigra ngling | mring sira Rahadèn Bondhan | ring mangkya radèn karsèngong | kita ngong lihakên aran | Lêmbupêtêng arannya | kang sinung ature nuhun | datan lênggana ing karsa ||

13. Prabu Brawijaya mêmêngsahan kalihan Sunan Giri

12. dyan ingkang winarna malih | Brawijaya Majalêngka | rikala lagya umiyos | ing kathil dênta alênggah | sira ring pagêlaran | pra putra wadya supênuh | ngandika Sang Brawijaya ||

13. maring Gajahmada Patih | hèh Apatih Gajahmada | lah kaya apa wartane | ing mangkya wong Giri ika | dènya tinut ngakathah | dening wong cilik kèh têluk | apa èstua mangkana ||

14. saha sêmbah ki apatih | ature ring sang narendra | pukulun ing warta yêktos | Risang Brawijaya mojar | hèh patih gya ngataga | ing punggawa ingkang agung | angrurah ing Giri ika ||

15. ri sampuning sang narpati | akon maring Sang Apatya | Gajahmada tumulya ge | wus amêpak ring punggawa | saha sanjatanira | wus samêkta gya lumaku | ing Giri sampun kinêpang ||

16. gègèr sakèhing wong Giri | agêng alit apuyêngan | rêbat paran palajênge | santana ngungsi jro pura | èstrinipun kewala |

--- 2 : 77 ---

miwah rare sampun mawur | wênèh tumut ngungsèng wana ||

17. sapakantuk ing wong kêdhik | wong Giri sampun samêkta | sagamane dhewe-dhewe | wus anêdya sabillulah | rèhira pinitênah | atêmpuh karoban mungsuh | wong Giri akathah pêjah ||

18. miwah kathah ingkang kanin | angrasa kabotan lawan | gya mundur ngungsyèng kadhaton | samana Kangjêng Susunan | Giri lagya nênurat | kagyat grahanira rawuh | amuhun lingnya sêsambat ||

19. dhuh susunan kadipundi | ri mangkya sakabat tuwan | muwah tiyang Giri kabèh | punika akathah pêjah | kang gêsang nandhang brana | kawula tan sagêd dulu | punapa ing karsa tuwan ||

20. kagyat tyasira sang yogi | Raja Pandhita ing Arga | agya ambucal kalame | ingkang kinarya nênêrat | saryandonga ing nala | karamat oliha rawuh | kalam kang dadya curiga ||

21. tumulya ngamuk pribadi | nêmpuh ring wong Majalêngka | tatar katon pangamuke | lwir dhadhali nêmpuh môngsa | wadya lit tan tinêrak | muhung punggawa gung-agung | tan lyan cumundhuk ing jaja ||

22. akathah ri kang ngêmasi | punggawa ing Majalêngka | ana kang kabranan bae | wadya lit bubar sadaya | malayu asasaranasarsaran. | mulat ing punggawanipun | kathah pêjah tanpa lawan ||

23. rumaos tan mungsuh janmi | ciptane wong Majalêngka | kawus datan kêna pulèh | wus larud bubar sadaya | mantuk mring Majalêngka | Patih Gajahmada sampun | tur uningèng [u...]

--- 2 : 78 ---

[...ningèng] Brawijaya ||

24. yèn wadya ing Majapait | kang tumindak dhatêng Arga | kang kinèn ngrusak kadhaton | pan kapalajêng sadaya | mantuk mring Majalêngka | punggawa akathah lampus | ingkang mantuk nandhang brana ||

25. mila wadya lit awingwrin | yèn wangsulêna mring Arga | dene tan amêngsah uwong | lir mêngsah Hyang Suksmanasa | saking gênturing tapa | dening curiga angamuk | datan amawa sujanma ||

26. anjêngêr sri narapati | gêgêtunira kalintang | wêkasan sira ling alon | mring Apatih Gajahmada | hèh patih rèrèhêna | manawa iku ing besuk | kêna suda prabawanya ||

27. sakèhe wong Majapait | wus mulih sowang-sowangan | kawarnaa sang palunggoh | Raja Pandhita ing Arga | sasirnane mungsuhnya | curiga ingkang angamuk | wus wangsul sumèlèh ngarsa ||

28. sarwi sira kuthah gêtih | sarêng susunan tumingal | yèn curiga kuthah gêtèh | agya Susunan ing Arga | sujudnya awangsulan | dhatêng Hyang Suksma Kang Agung | mugi ta ingapuntêna ||

29. sakèh solah ingkang sisip | kang tan manut ing wêwênang | mugi ngapuntêna kabèh | sigra curiga cinandhak | sira wusing sujudnya | apan ta sampun tinuruh | ring we kang rudira sirna ||

30. mangkana sakèh wong Giri | kang katawur sami prapta | wus samya umulih kabèh | kang jalu wus anèng ngarsa | nira Kangjêng Susunan | Sang Natèng Arga gya muwus | mring sakèhing para sabat ||

31. hèh sakèhe [sakèh...]

--- 2 : 79 ---

[...e] sabat mami | lah padha kita èngêta | ing namane dhuwung ingong | Kalamunyêng ri namanya | dadya saking singhingsihing. Hyang | apan iki kalam tuhu | ngong bucal mantuk curiga ||

32. lan sakèh sabat ngong Giri | ri mangkya padha èngêta | nêdha apuraning Manon | dening kita kumawawa | wani wong Majalêngka | pan iku jênênging ratu | aywa kaping kalih sira ||

33. samana datan winarni | sajênêngira Susunan | ing Arga tan ana malèh | pitênah ingkang tumêka | kang saking Majalêngka | tulus yèn samya rahayu | datan ana kara-kara ||

34. salami datan winarni | sajênêngira Susunan | ing Arga kang winiraos | sasedane jêng susunan | samana kang gumantya | anênggih kang wayah jalu | umadêg raja pandhita ||

35. pangèstunira wong Giri | tan owah kadya kang eyang | kasêbut Sunan Parapèn | tan siwah lawan kang eyang | saulah lampahira | karannya sakwèh wong Gunung | samya asih anglêmbana ||

36. mangkana ing lami-lami | kawarnaa Majalêngka subasita | wadya lit wus lumrah kabèh | yèn ana pandhita ngarga | sampun lama palastra | ing warta sampun misuwur | yèn wayah ri kang gumantya ||

Lajêng nyandhak jilid: 3.

--- 2 : [0] ---

Isinipun

8. Radèn Rakmat (Sunan Ngampèldênta). (Dhandhanggula). ... kaca 11

9. Radèn Said (Sunan Kalijaga). (Dhandhanggula). ... kaca 16

10. Radèn Patah tuwin Radèn Kusèn. (Dhandhanggula). ... kaca 19

11. Radèn Bondhan Kajawan. (Dhandhanggula). ... kaca 41

12. Jaka Tarub. (Asmaradana, Dhandhanggula, Mijil, Dhandhanggula, Asmaradana). ... kaca 48

13. Prabu Brawijaya mêmêngsahan kalihan Sunan Giri. (Asmaradana). ... kaca 76