Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Regi f.

Babad Tanah Jawi

Jilid: 4

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 4 : [1] ---

Serie No. 1289c

Babad Tanah Jawi

Jilid: 4

Nyariyosakên risakipun nagari Dêmak, madêgipun karaton ing Pajang, tuwin rêjanipun bumi ing Mataram

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm 1939

--- 4 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 4 : [3] ---

24. Ki Agêng Sela nyêpêng blêdhèg

17. mangsuli carita malih | Kyai Agêng ing Sêsela | kang dadi pangaubane | kadang kadeyan sadaya | sangêt pangabêktinya | taklim dhatêng sanak sêpuh | pan kinarya panêmbahan ||

18. pakartine asêsabin | kang adhêkah ing Sêsela | punika panggaotane | agaga lawan sêsawah | têtanêmane kathah | dados sandhang têdhanipun | anyamadi wong Sêsela ||

19. ya ta udan riwis-riwis | Kiyai Agêng Sêsela | dhatêng ing pasabinane | wayah sadèrènge ngasar | datan amawi rowang | ya ta pacule dèn pikul | sapraptane pasawahan ||

20. nulya amêmacul sabin | lagyangsal tigang gêcokan | samana prapta gêlape | rupa kaki-kaki ika | ya ta nulya cinandhak | swarane muni jumêgur | tan ucul panyêkêlira ||

21. pan arupa kaki-kaki | kang gêlap nulya binônda | tan obah ing têtaline | akarsa ingaturêna | mring Kangjêng Sultan Dêmak | samana kang dadi ratu | ing tanah Jawa punika ||

22. sigra lumampah tumuli | ki agêng dhatêng ing Dêmak | sarta ginawa gêlape | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Dêmak | sampun katur ing sang prabu | yèn ki agêng atur gêlap ||

23. sang nata suka ningali | ing warnane punang gêlap |

--- 4 : 4 ---

arupa kaki-kakine | linêbokakên kunjara | wêsi kang punang gêlap | ya ta ingundhangkên sampun | aja na asuka toya ||

24. jêjêl kang wong aningali | agawok ingkang tumingal | maring ki gêlap warnane | lan sami ngalêm sadaya | mring Ki Agêng Sêsela | katon sakti rosanipun | pratôndha anyêkêl gêlap ||

25. ya ta ana gêlap èstri | anênonton kaki gêlap | arupa nini-ninine | andhêpès anèng panjara | sarwi ambêkta toya | sasiwur munggwèng bêbêruk | wong akèh tan ana wikan ||

26. ya ta wau jaluk warih | kaki gêlap tan sinungan | maring sakèhing kang nonton | ajrih undhange sang nata | ya ta sang nini tuwa | angulungi banyu bêruk | tinampan marang ki gêlap ||

27. nuli ingombe tumuli | kang toya mring kaki gêlap | sarêng kalêbu toyane | anulya mêsat ki gêlap | jumêgur swaranira | kunjara wêsi wus mawur | kang gêlap pan sampun sirna ||

28. mantuk kayangane malih | kaki gêlap nini gêlap | mapan ta barêng lungane | mulih dhatêng asalira | ya ta ingkang kocapa | Ki Agêng Sêsela wau | sampun mantuk wismanira ||

29. wontên ta kocapa malih | anênggih dhêdhalang pruwa | Ki Bicak iku wastane | dhêdhalange Sultan Dêmak | amèn dhatêng Sêsela | cinatur rabine ayu | punjul saking ing akathah ||

30. lanang wadon angrasani | rabine dhêdhalang prawa | dene ta

--- 4 : 5 ---

ayu rupane | sami angalêm sadaya | sakèhe kang tumingal | ya ta awusana katur | dhatêng Ki Agêng Sêsela ||

31. pawèstri dipun tingali | dhatêng Ki Agêng Sêsela | samana giwang manahe | mulat ing suwarnanira | karsa dinamêl garwa | saksana ing enjingipun | pinêpaksapinapêksa. wong Sêsela ||

32. dhêdhalang kinèn mêjahi | pan rinêbat ingkang garwa | pêpak wong Sêsela kabèh | dhêdhalang prawa wus pêjah | kinêmbulan ngakathah | sampune Ki Bicak lampus | bêndhene lan rabinira ||

33. katur sadayane sami | mring Ki Gêdhe ing Sêsela | miwah ringgit lan bêndhene | ya ta bêndhe tiningalan | sarêng wau katingal | punang kêkêmpul pinundhut | mring Ki Agêng ing Sêsela ||

34. kalangkung rêsêp ing ati | punang bêndhe winastanan | Kiyai Bicak wastane | kabêkta araning dhalang | sêsampuning mangkana | apan mantun karsanipun | maring rabine ki dhalang ||

35. sampune Ki Bicak kêni | kalangkung sukaning nala | saking pamawaning bêndhe | apan mantun darbe karsa | mring rabine ki dhalang | wus lami mangke winuwus | punang bêndhe ingestrenan ||

36. dening Susunan ing Kali | yèn bêndhe dadi têngêran | sapa ingkang duwe bêndhe | pinasthi dadi narendra | bêndhe têngêran yuda | sêkti yudane tur unggul | yèn bêndhe muni angangkang ||

37. mangkana malih winarni | Kyai Gêdhe ing Sêsela | samana ananêm waloh | nuju momong ingkang putra | anyamping cindhe ika | nanging tan amawi [a...]

--- 4 : 6 ---

[...mawi] sabuk | sarya ngêmban ingkang putra ||

38. tansah dèn aring-aringi | putrane ingkang ingêmban | nulya miyarsa swarane | gègèr ing jawi samana | alok wong ngamuk ika | ki kêdhegêdhe. gya arsa mantuk | asèlèh ing putranira ||

39. kang ngamuk kasêlak prapti | ngarsane Kyagêng Sêsela | nulya anêmpuh sira ge | nuduki tan taha-taha | Ki Gêdhe ing Sêsela | tiba kasrimpêt wit waluh | sarta lumungsur nyampingnya ||

40. kêbat ki agêng atangi | kang putra sinèlèh ika | sampun asingsêt nyampinge | kang ngamuk winalês agya | tinabok kapisanan | ki agêng kala sinuduk | tan busik wulu salômba ||

41. sawuse wong ngamuk mati | samana Kyagêng Sêsela | apan nibakkên wiraos | ing besuk sapungkur ingwang | satêdhak-têdhak ingwang | aja na kang nanêm waluh | lawan aja na kang mangan ||

42. lawan walêr ingsun malih | ya satêdhak-têdhak ingwang | aja na kang nyamping cindhe | sapunika gancarira | kang kalêbêt ing babad | mangkana datan winuwus | wau ingkang kawarnaa ||

43. sampun ing alami-lami | kyai gêdhe putranira | nênggih pêpitu kathahe | kang nênêm sami wanodya | nênggih jalu satunggal | apan ta wuragilipun | kang miyos jalu punika ||

44. pan sampun sami akrami | wau kang putra sadaya | wus sêsalu panti dhewe | sami dhêkah sowang-sowang | atut dènnya kêkadang | apan kathahe pêpitu | kang putra Kyagêng Sêsela ||

--- 4 : 7 ---

45. pambajêngipun anênggih | Nyai Gêng Lêlurah Têngah | ana dene panggulune | nênggih Nyai Agêng Saba | anuli arinira | Nyai Gêng ing Bangsri iku | anuli arine ika ||

46. nênggih Nyai Gêng ing Jati | anuli arine ika | Nyai Gêdhe ing Patanèn | anuli malih arinya | anênggih kang anama | Nyai Agêng Pakisdangu | wuragil jalu kang nama ||

47. anênggih Ki Agêng Ênis | punika ayun pratela | kang tinutur sajarahe | mangkana ta cinarita | Nyai Gêdhe ing Saba | pan kêkalih putranipun | jalu kalawan wanodya ||

48. ingkang asêpuh pawèstri | kang anom jalu winarna | Kiyai Juru wastane | mangkana abêbesanan | Nyai Gêdhe ing Saba | awarang besan sadulur | aja kapara ing doha ||

49. kang putra Ki Agêng Ênis | awasta Ki Pamanahan | pan sampun pinanggihake | lawan putrane kang uwa | Nyai Gêdhe ing Saba | kaprênah ipe Ki Juru | kalawan Ki Pamanahan ||

50. mangkana winarna malih | amangsuli ing carita | ingkang cinatur arine | Kyai Gêng Gêtas Pandhawa | èstri sampun akrama | punika ingkang winuwus | wasta Nyai Gêdhe Ngêrang ||

51. darbe putra jalu pêkik | kalangkung inguparêngga | sampun mêpêg biraine | pan sampun apalakrama | asih pakramanira | mangkana aputra jalu | wus akrama kinasihan ||

52. anama Ki Agêng PêthiPathi. | punika wus apêputra | Ki Panjawi kêkasihe |

--- 4 : 8 ---

warnanya bagus anawang | saya alama-lama | Ki Panjawi kang winuwus | kaambil putra dènira ||

53. dhatêng Ki Agêng ing Ênis | wus kadi gène ayoga | sampun manjing sadulure | kalawan Ki Pamanahan | lir kadi tunggil yayah | wus kadya saduluripun | saèsthi saekapraya ||

54. marmanipun Ki Panjawi | kalawan Ki Pamanahan | ingaranan sadulure | tunggal saibu sarama | ingkang dèrèng uninga | ana dene Kyai Juru | ipene Ki Pamanahan ||

55. karsane Ki Agêng Ênis | wong têtiga aja pisah | Ki Juru kaponakane | Ki Panjawi sanak misan | pan dadi dulurira | saparanira aruntut | datan kêna apisaha ||

56. wong têtiga sarêng ngaji | mring Susunan Kalijaga | pan sami tunggal paguron | lawan Adipati Pajang | nanging kantun priyôngga | ya ta jiniat ing guru | Dipati Pajang taruna ||

57. prasami kalangkung asih | aruntut dènnya sêsanak | Dipati Pajang karsane | Ki Agêng Ênis ngaturan | dadia Panêmbahan | ing Pajang sinêpuh-sêpuh | sinung dhêkah ing Lawiyan ||

58. samana Ki Agêng Ênis | adhêdhêkah ing Lawiyan | ya ta ingkang putra karo | Ki Panjawi Pamanahan | asuwita ing Pajang | angsal pangawulanipun | pan sami kinakang-kakang ||

59. milane kalangkung asih | Sang Adipati ing Pajang | mring Kyagêng Ênis putrane | Ki Panjawi Pamanahan | Ki Juru katiganya |

--- 4 : 9 ---

kang sami anunggil guru | lawan Adipati Pajang ||

60. angguru mring Sunan Kali | tan pisah tiyang têtiga | sakawan Dipati Paos | marmane kinakang-kakang | Panjawi Pamanahan | sapunika gancaripun | Ki Juru momong kewala ||

61. ucapên Ki Agêng Ênis | ingkang dhêdhêkah Nglawiyan | samana puput jênênge | mantuk ing karamatullah | sinare ing Nglawiyan | kang putra kalih winuwus | Ki Panjawi Pamanahan ||

62. sumawitèng Pajang olih | anglurahi wong tamtama | dipati kalangkung sihe | Ki Panjawi Pamanahan | pan ingakên sudara | ingandêlakên ing kewuh | ambaurêksa nagara ||

63. kala samana winarni | dipati dèrèng pêputra | kang darman akèh putrane | anênggih Ki Pamanahan | kathah atmajanira | nênggih kathahe pêpitu | ing Pajang lwir guladrawa ||

27. Dhandhanggula

1. kang jalu gangsal èstri kêkalih | atmajanira Ki Pamanahan | kang sami jalu putrane | anênggih Radèn Bagus | lawan malih Rahadèn Santri | ingkang satunggalira | wasta Radèn Jambu | lan malih ingkang anama | Radèn Tompe lan Radèn Kadhawung nênggih | jangkêpipun lêlima ||

2. dening putra pêpitu anênggih | pambajêng Radèn Jambu punika | Radèn Bagus panggulune | nênggih pandhadhanipun | kang anama Rahadèn Santri | Radèn Tompe panêngah | kang warujunipun | Radèn Kadhawung namanya | sampun jangkêp gangsal pawèstri kêkalih | ingkang sami taruna ||

--- 4 : 10 ---

3. jangkêp gangsal èstrine kêkalih | pitu putrane Ki Pamanahan | kalayan malih kandhane | kang nama Radèn Bagus | pan pinupu putra anênggih | dhatêng Dipati Pajang | kala timuripun | linêbokkên panakawan | sêmut gatêl karakêt asaba puri | ingandêl alit mila ||

4. kadi putra gènira ayogi | apan dipati dèrèng pêputra | karya lanjaran wiyose | ngakên putra pambayun | warnanira lêwih apêkik | Radèn Bagus kang nama | mapan maksih timur | awor lawan panakawan | sêmut gatêl sigêgên datan winarni | ucapêpucapên. ing carita ||

25. Sunan Prawata tuwin Pangeran Kalinyamat dipun cidra ing Arya Jipang

5. wontên ganti kang winuwus malih | Susunan Kudus ingkang winarna | kang ginuron ing wong akèh | bupati para ratu | puruita datan gumingsir | Susunan ing Prawata | angguru ing Kudus | lan malih Ki Arya Jipang | anèng Kudus guru Sunan Kudus nênggih | sumungkêm patakonan ||

6. nanging Susunan Prawata nênggih | amalih kapti ing patakonan | kêkalih ing pagurone | dhingin Susunan Kudus | kaping kalih Susunan Kali | ya ta aris ngandika | Susunan ing Kudus | dhumatêng Ki Arya Jipang | lah ta kaki apa ukumipun ugi | wong ngalapdho upama ||

7. Ki Arya Jipang matur ngabêkti | inggih ukumipun pinêjahan | tiyang ngalapdho kawruhe | wangsul amba ayun wruh |

--- 4 : 11 ---

sapa sintên tuwan raosi | ri saksana ngandika | Susunan ing Kudus | kakangira ing Prawata | apa rane iku ora malih kapti | matur Ki Arya Jipang ||

8. inggih punapa ingantos malih | apan ukumipun pinêjahan | Susunan Kudus dêlinge | sapa ingkang sumanggup | Arya Jipang matur ngabêkti | yèn wontên pangandika | kawula kang sanggup | angukumakên ing pêjah | ing pun kakang Susunan Kudus ngajani | lah payo lêkasana ||

9. Arya Jipang wuwuse adhêmit | duk angawe lurah kajinêman | ingandikan ing ngarsane | pun Rangkud wastanipun | lah miyanga Prawata aglis | cidranên patènana | pun Rangkud wotsantun | lah inggih gusti sandika | nuli mangkat datan kawarna ing margi | wus prapta ing Prawata ||

10. Sunan Prawata gêrah alinggih | alendhehan maring grahanira | nuli pun Rangkud dhatênge | tinakèn tan asantun | paran karsanira mariki | pun Rangkud atur sêmbah | kawula ingutus | anyidra dhatêng paduka | angandika Susunan Prawata nênggih | lah sira lêkasana ||

11. anging aja angèmbèt-èmbèti | Rangkud kang ingsun jaluk ing sira | amung awak ingsun dhewe | pun Rangkud narik dhuwung | nulya goco têrus ing gigir | anêrus ingkang garwa | sajrone tan emut | Si Rangkud cidra wacana | milanipun dhuwung Ki Bêthok tinarik | kajinêman sinawat ||

12. saking ampuhing dhuwung ngênèni | pun Rangkud kêna ing kêmbang kacang | ukur kabêsèr tatune |

--- 4 : 12 ---

niba Ki Rangkud lampus | ya ta wau sarêng ngêmasi | Susunan ing Prawata | lawan garwanipun | tangis lir pendah ampuan | sinangkalan guna yaksa warna nabiSengkalan: guna yaksa warna nabi (1453 A.J.). | Prawata kèh karuna ||

13. mila Arya Jipang andhatêngi | amêjahi Susunan Prawata | apan mangkana kandhane | Arya Jipang karuhun | ingkang rama dipun pêjahi | mring Sunan ing Prawata | dening kang ingutus | awasta Ki Surayata | amêjahi ingkang rama arya nguni | pinanggih ing dêdalan ||

14. kala kang rama ki arya dhingin | têdhak saking asalat Jumungah | ginarêbêg sawadyane | liwat karêtêg agung | Surayata mangkya ngadhêpi | sampun narik curiga | aglis nuli nuduk | datan amindhoni seda | pêjah nglèpèn Ki Surayata anuli | cinêkêl sinudukan ||

15. sapunika kandhane rumiyin | pêjahipun ki arya kang rama | ing mangke winuwus malèh | sedane kang Sinuhun | ing Prawata gumêr kang tangis | miwah kang para putra | sêsambate asru | akathah yèn kawarnaa | ingkang layon apan sampun dèn sirami | sunan wus ing astana ||

16. kang tan lila sadhèrèke èstri | arinira Susunan Prawata | Mas Rêtna Kalinyamate | nêdha ukum ing Kudus | lampahira apan sarimbit | wus prapta ing ngayunan | nira Sunan Kudus | matur Ni Mas Kalinyamat | milanipun kawula dhatêng ing ngriki | anêdha ukum tuwan ||

17. inggih pun kakang dipun pêjahi | dening utusane Arya Jipang |

--- 4 : 13 ---

inggih punapa ukume | angling Susunan Kudus | sayêktine wong utang pati | winalês pinêjahan | iku ukumipun | ni mas Ratu Kalinyamat | nulya mantuk wruh ujar yèn tan sayêkti | ujar saking susunan ||

18. Ki Arya Jipang ngadhang ing margi | lakinipun Ni Mas Kalinyamat | kang dipun arah patine | pinêgat ing dalanggungdêlanggung. | kinarubut sampun ngêmasi | anangis lara-lara | sira ni mas ratu | dhingin tinilar ing kadang | kaping kalih mangke tinilar ing laki | apan kinaniaya ||

19. datan mantuk ing Dêmak nagari | banjur atapa wukir satata | ing Danaraja gununge | ênggènira amangun | kasubratan amati ragi | dadya tapa amudaawuda. | rema karya pinjung | sangêt ambantêr sarira | sawarnine têtilare kang sawargi | pan satata ginawa ||

20. ni mas rêtna mangke pasanggiri | ing benjang iya ingsun asinjang | lamun wus ana belane | patining lakiningsun | atanapi sadulur mami | padha kinaniaya | sahid patinipun | pan ingsun tan arsa sinjang | lamun durung ana sanggup amatèni | maring Si Arya Jipang ||

21. yèn ta ana sanggup amatèni | Arya Jipang pan wus ujar ingwang | ingsun ngèngèri ing têmbe | nuli ingsun apinjung | lamun ora Jipang ngêmasi | pan salawasanea | ingsun ora pinjung | lamun durung olih bela | ya ta muni gêtêr patêr anauri | gumêr ing awang-awang ||

--- 4 : 14 ---

26. Adipati Pajang sowan Sunan Kudus

22. samana apan sampun alami | dènnya tapa wukir Danaraja | kalangkung dening merange | wau ta ni mas Ratu | Kalinyamat datan winarni | nênggih ingkang kocapa | Susunan ing Kudus | dawêgira siniwaka | dening sakathahipun para bupati | Arya Jipang nèng ngarsa ||

23. rêrêmbagan pan agunêm sami | kang wus lalis Pangeran Prawata | lan Pangran Kalinyamate | ngandika Sunan Kudus | lah ki jêbèng sira sun tari | ing sapatine ika | kakangira iku | ing Prawata Kalinyamat | pan wus lawas ing mêngko pangrasa mami | durung enak tiningwang ||

24. yèn sira durung madêg narpati | andhèwèki ingsun durung lêga | ing tyas iya sayêktine | nanging pangrasaningsun | lamun sira madêga aji | maksih ana kang malang | wani mring sirèku | iya Dipati ing Pajang | ingkang yogya akarsa madêg narpati | padha kalawan sira ||

25. watêk ing padha karêpe ugi | nora wandea têmah apêrang | ing Pajang lan Jipang têmbe | lan malih duganingsun | yèn ing Pajang maksiha urip | môngsa sira tulusa | dera madêg ratu | Ki Arya Jipang tur sêmbah | yèn makatên ing mangke ta kados pundi | ing karsa jêng susunan ||

26. yèn sawawi lawan sang siniwi | nênggih nagari Pajang punika | ing mangke kula gêpuke | sampun dados pakewuh | datan wande punika benjing | amakèwêdi lampah | Susunan [Su...]

--- 4 : 15 ---

[...sunan] ing Kudus | asru dènira ngandika | lah ta jêbèng sayêktine karsa mami | aja kongsi mangkana ||

27. yèn pêranga dadi ngrusak nagri | wong cilik yêkti akathah pêjah | lah ta apa wêkasane | yèn dene karsaningsun | payo pinrih dipun adhêmit | sira priha lan cidra | dèn aja na wêruh | lah sira amêmataha | kang prayogi kajinêman kang mêkasi | nyidra Dipati Pajang ||

28. ya ta Dipati Jipang sira glis | akarsa sira anglampahana | saandikane gurune | sigra nimbali sampun | kajinêman kang tau titir | kathahipun sakawan | pra wignya ing kewuh | tate nyidra para nata | kapat pisan wus sami tampi wêwêling | ingatag dhatêng Pajang ||

29. gya lumampah tan kawarnèng margi | sampun prapta nagari ing Pajang | ing têngah wêngi praptane | arsa manjing kadhatun | kandhêg pinggir bata ainggil | ajinya duk winatak | pagêtpagêr. bata niyup | ingusap bata wus mêndhak | tan antara kajinêman kapat sami | wus manjing jroning pura ||

30. Dipati Pajang wau winarni | apan kapanggih eca anendra | miwah kang para rabine | aguling sami ngêpung | munggwing dagan myang kanan keri | lêbêting kajinêman | samana wus wêruh | ing prênah Dipati Pajang | tan antara sarêng kapat anuduki | kagyat kang para garwa ||

31. sarêng uninga pan sami anjrit | para garwa nanging sang dipatya | tan ngulisik eca sare | para garwa pan umung | panangise sêsambat [sêsamba...]

--- 4 : 16 ---

[...t] sami | wanèh nungkêmi pada | ing panyananipun | narka yèn sang gusti lina | marmanipun para graha lara nangis | ya ta sang adipatya ||

32. kagyat ginurumung para rabi | nulya awungu dènnya anendra | ya ta alon ngandikane | ana apa sirèku | dene têka padha anangis | matur kang para garwa | dhuh gusti pukulun | wau tuwan amba tarka | nandhang brana dening sinudukan maling | malah ngong narka lina ||

33. dening tuwan datanpa ngulisik | marmine amba anarka lina | sang adipati wuwuse | lah damarana gupuh | kaya maksih kang punang maling | durung lunga sing wisma | nèng jro dalêm ingsun | sigra sinulêd kang damar | dalêm agung saksana dipun damari | pandung kapanggih nglungsar ||

34. kapat sami andhepok ing siti | datan wontên sagêd anggulawat | papat sami lumpuh kabèh | sangêt patobatipun | pan lumaku dipun uripi | pan sami tinakenan | wau punang pandung | dening Adipati Pajang | hèh ki maling ingsun atanya sayêkti | sapa kèngkèn ing sira ||

35. umatur alon kang punang têlik | kawula matur yakti ing tuwan | lampah kawula wiyose | nênggih ingkang angutus | inggih raka andika gusti | kang nama Arya Jipang | kinèn nyidra dalu | ulun kinèn mêjahana | ing paduka nanging mangke ulun iki | anuhun inguripan ||

36. ulun agêgêbal padukaji | Dipati Pajang alon ngandika | iya tarima ngong gêdhe | mring prasêtyanirèku |

--- 4 : 17 ---

anging sira ingsun kon mulih | padha sira matura | mring gustinirèku | maling papat wus ginanjar | arta kathah sarta padha pinisalin | sigra tinundhung sira ||

37. lah padha sira muliha aglis | dèn akêbat manawa konangan | dening mantriningsun kene | kang padha langlang dalu | yakti sira nêmahi pati | sigra sami wotsêkar | kajinêman mantuk | datan kawarna ing marga | byar raina prapta ing Kudus nagari | marêk ing gustinira ||

38. sakawan sarêng matur ing gusti | tuwan sampun ulun kalampahan | rèh ulun paduka kèngkèn | amêndhêt pêjahipun | Adipati Pajang anênggih | lampah ulun katulak | langkung yatnanipun | Dipati Pajang punika | dahat wêgig sadalu ulun tênggani | kongsi dhatêng raina ||

39. kawula tan kenging manjing puri | mila ulun umantuk punika | ing siyang kathah samare | yèn sawawi pukulun | Adipati Pajang ing mangkin | punika ingapusan | yèn sambadèng kayun | lamun botên makatêna | ulun dugi kadi tan kenging ing pati | nênggih Dipati Pajang ||

40. amiyarsa atur ingkang têlik | apan kèmêngan ing manahira | atur uninga karsane | dhatêng Susunan Kudus | Arya Jipang yèn têlik prapti | pan sampun botên kêna | cinidra ing lampus | iya Dipati ing Pajang | Arya Jipang samana arsa tur paksi | mring Sunan Kudus sira ||

41. sigra anuli sira Dipati | ing Jipang seba manjing jro pura | wus panggih lawan gurune | iya Susunan [Susu...]

--- 4 : 18 ---

[...nan] Kudus | Arya Jipang matur wotsari | kawula tur uninga | dhatêng sang sinuhun | utusan kawula prapta | saking Pajang inggih botên antuk kardi | punapa karsa tuwan ||

42. lah kados pundi ing daya malih | yèn suwawi kalayan paduka | lêhêng ingapusan mangke | tinimbalan pukulun | darapon dhumatêng ing ngriki | sinandi rêrêmbagan | ing èlmu rahswèku | Susunan Kudus ngandika | yèn mangkono iya sira sun turuti | sun kongkonane uga ||

43. sigra Susunan Kudus nimbali | Pangalasan saksana winêkas | mangkono ing wawêkase | lah timbalana iku | putraningwang Sang Adipati | ing Pajang dèn akêbat | maringa ing Kudus | warahên yèn rêrêmbagan | kang rinêmbug agunêm rasaning ngèlmi | kang kinon sigra nêmbah ||

44. wus umangkat lampahe lastari | tan kawarna ing marga wus prapta | ing Pajang kadhaton age | apan sampun acundhuk | lan Dipati Pajang ing mangkin | sakathahe wong jaba | sami pêpak sampun | utusan matur anêmbah | pan kawula puniki sang adipati | ingutus ramandika ||

45. Jêng Susunan ing Kudus anênggih | jêngandika apan ingandikan | dhatênga ing Kudus age | ingajak rêmbug ngèlmu | ngèlmu rasa kang dèn raosi | andika ingantosan | mring rama pukulun | ya ta Adipati Pajang | gupuh-gupuh manahira dèn timbali | dhatêng ing gurunira ||

46. Ki Pamanahan lan Ki Panjawi | kêbat anjawil Sang Adipatya |

--- 4 : 19 ---

ing Pajang atur pelinge | raos amba pakewuh | kadosdene ujar sayêkti | ing pandamêl punika | ngraosana ngèlmu | raose manah kawula | kados tunggilipun pandung praptèng nguni | nadyan tuwan tindaka ||

47. nanging ta dipun prayatna ugi | para mantri sami andhèrèka | myang para prajurit kabèh | sadaya sampun kantun | ya ta rêna sang adipati | mirsa ing aturira | Pamanahan wau | sigra kang mantri sadaya | tinimbalan miwah kang para prajurit | sampun samya busana ||

48. ri sampunnya pradandanan sami | nanging sakathahing kêkapalan | binêkta dhingin lampahe | dening sakathahipun | ingkang sami alampah baris | miwah ingkang adharat | pan kinèn sumusul | wus bubar sang adipatya | sakaprabon ing ajurit datan kari | lan prawira sadaya ||

49. putrane Ki Pamanahan ugi | kang pinêndhêt dhatêng sang dipatya | sampun diwasa wayahe | kawawi ngêmbat lawung | saya sangêt sih sang dipati | wus kinarya lêlurah | panakawan wau | sarta sinungan pêparab | Radèn Angabèi Loringpasar nênggih | ngakên putra kawitan ||

50. apan kalangkung dipun kasihi | prênahe datan kêna atêbah | wus utamèng wêwadine | sigra wau lastantun | lampahira sang adipati | tan kawarna ing marga | wus prapta ing Kudus | kang duta wus tur uninga | yèn Sang Adipati Pajang wus aprapti | Sunan Kudus ngandika ||

51. lah sira timbalana dèn aglis |

--- 4 : 20 ---

putraningsun Adipati Jipang | lah konên nêmoni age | mring Jêbèng Pajang iku | alah iya warahên mangkin | ingsun wiyosi ika | yèn wus padha rawuh | pêpak sakèh putraningwang | ya ta sampun Arya Jipang dèn timbali | sigra anuli dandan ||

52. sampun prayatna angati-ati | apan punika uwiting karya | marmane datan asuwe | sakèh prawiranipun | pêpakan wus wangsit ing kardi | Arya Jipang saksana | paseban wus rawuh | ya ta Adipati Pajang | pan asuwe praptane ngantosi jawi | angantosi timbalan ||

53. timbalane susunan dèn anti | sigra prapta wau kang utusan | andhawuhkên timbalane | dawêg kinèn tumanduk | Dipati Jipang kang manggihi | pinarêkna paseban | andika karuhun | ing mangke yèn sampun pêpak | pra dipatya susunan mangke tinangkil | miyosi jêngandika ||

54. sigra tumanduk angati-ati | Dipati Pajang miwah rahadyan | ngabèi ika lampahe | tan têbah prênahipun | Pamanahan lan Ki Panjawi | samya ngampingi sira | lampahe wus rawuh | ing bangsal pacarabakan | Dipati Pajang ayun-ayun alinggihayun-ayunan linggih. | lawan Ki Arya Jipang ||

55. Arya Jipang wau aningali | dhatêng Dipati Pajang prasamya | lirik-linirik tingale | dangu tan ana muwus | Arya Jipang angacarani | jêngandika katuran | ing sarawuhipun | alami têmên kawula | tan pêpanggih kalawan andika adhi | mung mangke kaparêngan ||

56. tambung lampah kawula [kawu...]

--- 4 : 21 ---

[...la] ki adhi | dhuwung kang pundi kangge punika | kang kawangking ing wurine | Dipati Pajang muwus | inggih dhuwung kawula lami | pun Carubuk punika | ing panyiptanipun | Ki Arya Jipang mangkana | sok kênaa dhuwungira sun tingali | pasthi sira pralaya ||

57. Ki Arya Jipang amuwus malih | pundi adhi kawula yun wikan | dhuwung andika warnine | ya ta dhuwung ingunus | Pamanahan kêbat anjawil | sung pemut mring dipatya | aprayatna sampun | dhuwung sampun tinampanan | adipati kêbat cêcothe tinarik | sarwi sira ngandika ||

58. puniki dhuwung kula pramati | kalangkung dening rêmên kawula | dening wus katon damêle | mèsêm sarya amuwus | Arya Jipang inggih puniki | pênêd tingal kawula | natèng Pajang muwus | nadyan sami apênêda | kantun mandi punika luwange dhingin | sok cècèla palastra ||

59. Sunan Kudus saksana umijil | uninga yèn sami narik katga | sunan marani dan linge | iki apa karêpmu | dening padha anarik kêris | apa rêp balantikan | apa ijol dhuwung | lah wus padha sarungêna | ora bêcik ika uga dèn tingali | dhuwung sinungkên agya ||

60. ingkang dhuwung sampun dèn tampèni | sampun manjing ing sarunganira | Ki Arya Jipang dêlinge | baya ta durung kontung | ginagawe rongdha ing mangkin | Dipati Pajang mojar | durung parêng ingsun | arêp wèh pakan ing gagak | Sunan Kudus ngandika alah ta uwis | jêbèng sampun dinawa ||

61. balik padha patuta

--- 4 : 22 ---

sirèki | aja na wong kang asalah driya | padhantuk kanugrahane | arêmbuga sirèku | lah sakèhe para bupati | dening ing mêngko sira | padha ingsun tundhung | lah padha masanggrahana | dening yèn wus pêpak kang para bupati | sira padha sun undang ||

62. payo padha rêrêmbugan ugi | ya ta kalih sarêng atur nêmbah | Ki Arya Jipang sira ge | nulya bubar rumuhun | Adipati Pajang anuli | bubar lumakyèng wuntat | ya ta prapta sampun | pinggir kali masanggrahan | wong ing Pajang kang adharat sami prapti | miwah sakèh gêgaman ||

63. sadaya wus pamondhokan sami | atata magêrsari agapang | sakilèn kali prênahe | Ki Arya Jipang wau | pondhokira wetaning kali | Bangawan Sore ika | wastane kang ranu | kasaput ing dalu ika | Sang Adipati Pajang dèrèng aguling | wau Ki Pamanahan ||

64. ya ta matur ngaturi upaksi | inggih kawula miyarsa warta | êmbok andika wartine | Kalinyamat Sang Ratu | sasedane inggih kang laki | myang sedane kang raka | Pangran Prawatèku | kalangkung prihatinira | agring kapit malah atilar nagari | tapardi Danaraja ||

65. gènnya atapa wuda kang warti | êmbok jêngandika Lèpènnyamat | tan arsa asinjang mangke | benjing arsa apinjung | yèn pun Jipang wontên matèni | punika tur kawula | yèn andika rêmbug | rakandika tinilikan | bilih kêni pinituturan kang yakti | ya ta Dipati [Dipa...]

--- 4 : 23 ---

[...ti] Pajang ||

66. kalangkung lêga wau kang galih | mirsa ature Ki Pamanahan | dipati anulya age | akarsa tilik wau | mring kang êmbok sawêngi mangkin | sigra nulya lumampah | ingkang atut pungkur | Ki Panjawi Pamanahan | katigane sira rahadèn ngabèi | kapat Dipati Pajang ||

67. lampahira kalangkung adhêmit | tan kawarna ing marga wus minggah | ing arga praptèng korine | ngundang parêkan rawuh | sang dipati wus atur wêling | lah ta sira matura | mring ki êmbok ratu | yèn ingsun iki kang prapta | arsa marêk kang winêling tumulya glis | mring jro mijil ing tawang ||

28. Mijil

1. praptèng ngayun inya awotsari | aturipun alon | rayi tuwan ing Pajang ing mangke | nèng jawi arsa marêk mariki | amba amambêngi | kapirsa arêngu ||

2. Kangjêng Ratu Kalinyamat angling | turana riningong | lah warahên yèn ingsun mangkene | pasthi ora kêna apêpanggih | mêngko sun manggihi | anèng jroning kubut ||

3. sigra mintar kang utusan aglis | wus praptèng ing regol | sigra marêk utusan ature | jêngandika dipun andikani | punika kang wêling | wau kangjêng ratu ||

4. jêngandika tan kenging pêpanggih | rakandika ngobong | ki adipati alon dêlinge | sun wis wêruh kakang bok prihatin | sêdyaningsun prapti | arsa darbe atur ||

5. wus lumêbêt sira sang dipati | wong papat tan adoh | sampun prapta prênahe [prênah...]

--- 4 : 24 ---

[...e] êmboke | punang utusan matur wotsari | ing rayinta gusti | sadaya wus rawuh ||

6. angandika ratu mas aririh | mring kang rayi alon | hèh yayi mas baya na karsane | atêtinjo maring awak mami | ya ta ki dipati | alon aturipun ||

7. mila kawula gêpah mariki | mirsa tuturing wong | dening andika sangêt brangtine | pan kapirsa yèn tilar nagari | tan arsa atapih | paran milanipun ||

8. yèn kenginga kawula ngaturi | ywa sangêt wirangrong | ing apêjah pan sampun pasthine | raka andika nêmahi lalis | wus karsa Hyang Widi | seda marga tatu ||

9. raka andika pan seda saksi | antuk swarga kaot | ngulari pêjah punapa malèh | Ratu Mas ing Kalinyamat angling | tarima mas yayi | dènira sung pemut ||

10. iya ingsun yayi nora kêni | pan wus ujar ingong | yèn ta durung kawalês patine | kakangira ingsun ora tapih | tumêka ing pati | pan wus takdir ingsun ||

11. sukur sira yayi praptèng ngriki | manira wong wadon | lah sira ingsun jaluk budine | kaya ngapa gèn ingsun malêsi | mring Si Jipang iki | sira ingsun tantun ||

12. lamun ana ingkang amatèni | mring Si Jipang kang wong | ingsun iki ora adêduwe | ing Prawata Kalinyamat iki | ingsun tan darbèni | pan wus ujar ingsun ||

13. lawan ingsun ngèngèri ing benjing | yèn uwus kalakon | Arya Jipang kapagas murdane | lah sira yayi ingsun [ing...]

--- 4 : 25 ---

[...sun] tangisi | amalês ing pati | mung sira kang tulung ||

14. pan tan ana prayogane malih | kang tulung maringong | apan ingsun tan darbe sadhèrèk | lanang mung sira asih ing mami | kang yogya matèni | mring Si Jipang besuk ||

15. Adipati Pajang matur aris | dhatêng ingkang êmbok | pan kawula tan purun yudane | amungsuha wong Jipang ajurit | wong punika sêkti | prakosa atêguh ||

16. Ratu Kalinyamat angling aris | tanpa gawe ingong | gèn ingsun darbe sanak dhèwèke | yèn tan kênaa ingsun tangisi | dadi tanpa kardi | atinjo maringsun ||

17. Ki Pamanahan jawil bêbisik | punika karsèngong | jêngandika apikir samangke | rakandika tuwan samadosi | pinikir sawêngi | benjing dawêg wangsul ||

18. Adipati Pajang anuruti | matur mring kang êmbok | kula pikire sawêngi mangke | benjing enjing kawula abali | yèn wus angsal pikir | kawula sumanggup ||

19. lah kang bok sampun kawula amit | mantuk mring pakuwon | Ratu Kalinyamat andikane | alah iya yayi yèn wus olih | dènira apikir | wangsula maringsun ||

20. sampun mantuk sira sang dipati | maring ing pakuwon | Kyai Pamanahan tan andhèrèk | karsanira ayun mituturi | lah kakang prayogi | lamun sira kantun ||

21. Kyai Pamanahan sigra bali | marêk ingkang êmbok | kang parêkan tur paksa gustine | rayi dalêm ing Sêsela [Sê...]

--- 4 : 26 ---

[...sela] bali | karsane akêmit | dhatêng sang dewayu ||

22. Ratu Kalinyamat suka angling | adhuh ariningong | baya sira ta ana gawene | Kyai Pamanahan turiraris | kawula tur peling | mring andika ratu ||

23. yèn rayi dika punika bali | inggih atur ingong | rayi dika watêk dhêdhêmêne | lamun mulat dyah ayu kang lêwih | nadyan rada ajrih | adarbe pêpurun ||

24. pan kariyin kawula ningali | wontên èstri kaot | rakandika dhingin têtilare | pan punika panduka paèsi | pasthi benjing enjing | rayi dalêm wangsul ||

25. kang pawèstri wontêna ing kori | punika tur ingong | rayindika mêdala sanggupe | gih punika yèn ningali èstri | pan kawula pasthi | yèn darbèni sanggup ||

26. lah ta iya adhi sun lakoni | yèn sira kang akon | Ki Pamanahan amit sira ge | tan adangu ing pondhoke prapti | kawarnaa enjing | ki dipati wungu ||

27. ingkang raka sigra dèn timbali | mapan sampun saos | Pamanahan seba lan arine | sampun prapta ngarsaning dipati | ki dipati angling | sira ingsun tantun ||

28. kadipundi karsanira mangkin | prakara kang êmbok | dening asangêt ika tangise | ingsun kinèn amatèni mangkin | mring Si Jipang iki | awêgah tiningsun ||

29. Kyai Pamanahan turiraris | suwawi sang katong | tinurutan punika karsane | dening mung paduka dèn tangisi | pan tan wontên malih | kang yogya [yo...]

--- 4 : 27 ---

[...gya] atulung ||

30. apan sampeyan tan kirang bukti | akathah ri kang wong | samya tantun-tinantun budine | môngsa botên wontêna kang wani | mring pun Jipang nênggih | mungsuh aprangipun ||

31. Adipati Pajang samirsèki | alêga tyas katong | mêngke bêngi payo wangsul malèh | aja dadi kawatir ing ati | mindêlamèndêla (dan di têmpat lain). anangis | kakang bok puniku ||

32. sigra bubar sira sang dipati | dèn iring punang wong | kawan dasa punika kathahe | Ki Pamanahan tan kêna têbih | tan kawarnèng margi | wus prapta ing gunung ||

33. sampun katur yèn kang rayi prapti | ing wau wus kinon | ingkang rayi tumanduka age | kang pawongan nulya animbali | dawêg sang dipati | ngandikan malêbu ||

34. wus malêbêt sira sang dipati | kang raka tan adoh | sampun prapta ngarsane rakane | kang parêkan ature aririh | yèn kang rayi prapti | punika nèng pungkur ||

35. ni mas ratu angandika aris | mring parêkan wadon | aturana rayingong marene | parêkan sigra wangsul ngaturi | ya ta sang dipati | tan antara rawuh ||

36. anèng ngarsane kang raka linggih | sajawining kobong | kagyat Dipati Pajang tingale | umulat ing pawèstri alinggih | kerining kobonging | kang raka warnayu ||

37. dening pawèstri punika nênggih | kandhane sayêktos | apan punika dede garwane | Sunan Prawata kang sampun lalis | ingkang darbe rabi | kajinêmanipun ||

38. kang darbe rabi pan maksih urip |

--- 4 : 28 ---

nanging sang akatong | Dipati Pajang kanyut manahe | wus kagiwang kedanan jro ati | wau sang dipati | nolih rakanipun ||

39. Ki Pamanahan kang dipun tolih | saha muwus alon | lah kakang iku sapa kang duwe | bojo rupane dening abêcik | dening ingsun lami | mung mêngko wruh ingsun ||

40. Ki Pamanahan umatur aris | ing watawis ingong | kadi têtilar renahing anggèr | kangjêng susunan kang sampun lalis | sang dipati angling | kaya pa puniku ||

41. ingsun jaluka punika mangkin | apa kakang êmbok | awèha mring sun wong wadon kuwe | Ki Pamanahan umatur aris | apan duk rumiyin | wontên jangjinipun ||

42. sampun mênggah kang punika malih | nadyan ingkang ados | yèn sampeyan nanggupi karsane | yèn wong wadon kang punika pasthi | raka dika ugi | tan raos gêgadhuh ||

43. nadyan liyana punika ugi | datan kenging lumoh | raka dika rumiyin sanggupe | Ratu Kalinyamat anaparis | yayi sira prapti | sarawuhirèku ||

44. apa ana karasènging galih | ing panangis ingong | ki adipati aris ature | inggih kakang bok sampun kawatir | dèn eca ing galih | kawula kang sanggup ||

45. amêjahana Si Jipang benjing | sampun sangêt watos | dipun eca kakang bok galihe | pintên banggi rayi dika bakit | amalêsa ring Si | Jipang patinipun ||

46. nanging wontên ing

--- 4 : 29 ---

panêdha mami | dhatêng kakang êmbok | yèn kakang êmbok suka galihe | èstri kêkalih punika mangkin | mung punika ugi | kang kawula suwun ||

47. Ratu Kalinyamat ngandikaris | adhuh ariningong | ingsun ora duwe ujar kalèh | aja mungguh kang punika yayi | kang rupa wong èstri | nadyan lyana iku ||

48. nadyan barana kang adi-adi | sun tan ngrasa gadhoh | apan kabèh sira kang aduwe | ujêr sira kang rumêksèng mami | ya ta èstri kalih | wus kinèn mring ngayun ||

49. apan sami tumungkul alinggih | nèng ngarsa sang katong | sami agalak manis liringe | pawèstri kalih punika nênggih | ya ta sang dipati | wau duk andulu ||

50. sangêt kagonjing galih dipati | umulat ing wadon | nanging dèn ampah wau galihe | sang adipati sira ngling aris | kang bok kula inggih | arsa dandan mantuk ||

51. mugi kawula antuka ugi | barkat dika kang bok | kula amalês lara patine | mring Arya Jipang pangraos mami | kawula tan miris | apanggih alawung ||

52. sokur manggiha sami satunggil | asuka tyas ingong | lan Si Arya Jipang sagêndhinge | inggih dhatêng kawula tanglêdi | pundi gèn kapanggih | pan wus tandhingipun ||

53. Ratu Kalinyamat mèsêm galih | angandika alon | iya sapa kayogyane malèh | kang ingong andêlakên ing rêpit | têlas dènira ngling | tan kawarnèng pungkur ||

29. Pangkur

1. Dipati Pajang gya bubar |

--- 4 : 30 ---

kang pawèstri kêkalih wus jinoli | dipati suka tyasipun | wus praptèng pamondhokan | ngandika lon marang para mantrinipun | sarupane wadya Pajang | prasamya dipun timbali ||

2. hèh sakèhe mantriningwang | sapa sanggup mungsuh Si Adipati | ing Jipang yèn kongsi lampus | gêdhe ganjaran ingwang | pan nagara ing Pathi kasraha besuk | kalawan desa Mataram | lamun Arya Jipang mati ||

3. pra mantri matur sadaya | botên wontên wadya kang ananggupi | sadaya tan wontên purun | dhatêng pun Arya Jipang | sampun uning yèn arya sakti tur têguh | prawira aulah pêrang | angraos botên ngudhili ||

4. ki adipati ngandika | undangêna ing sakyèh wadya mami | manawa ana kang purun | ingsun tan mirip janma | pan wus pasthi nagara ganjaranipun | sigra sang dipatya bubar | ya ta gumanti ing wêngi ||

5. ya ta wau kawarnaa | kajinêman ika kang darbe rabi | ingkang binakta puniku | dhatêng Dipati Pajang | manahing kajinêman pan datan purun | samana apan gunêman | lawan sakancanirèki ||

6. apan kancane sakawan | rencangipun apagunêman sami | asêdya akarya dudu | nyidra Dipati Pajang | sampun sami ajangji parêng anglêbur | antiga sapatarangan | sarêngênana tan kari ||

7. ing têngah dalu wayahnya | punang kajinêman sarêng nglêbêti | ing pasanggrahanirèku | Dipati Pajang ika | adipati kapanggih eca aturu | wau ingkang kajinêman |

--- 4 : 31 ---

sarêng sami narik kêris ||

8. kajinêman kapatira | sarêng manjing ing pasarean sami | sarêng marêpêki gupuh | dhatêng Dipati Pajang | kapat sarêng anarajang sami nuduk | wanti-wanti panuduknya | dipati eca aguling ||

9. panuduking kajinêman | wanti-wanti pangrasane dipati | lwir lalêr mencok rasèku | kagyakkagyat. kang para garwa | samya nangis gumêrah munggwing ing suku | narka dipati kabranan | kagyat dipati atangi ||

10. sawungunira anendra | para garwa sami nungkêmi sikissikil. | kajinêman papat wau | tan ana bisa lunga | saking ênggon gumêtêr pan sami lumpuh | apan sampun ingapura | sakawan pan kinèn mulih ||

11. pan sampun sami ginanjar | pinangadêg wus sami kinèn mulih | kinon kesaha dèn gupuh | manawa kawênangan | mring wong kathah satêmahe padha lampus | kapat wus samya tur sêmbah | kang kajinêman glis mulih ||

12. kapat tan nyana agêsang | apan sampun sami mantuk wismèki | wus samya suka tyasipun | icale rabinira | suka-lila Dipati Pajang kang mundhut | ya ta ing wêngi punika | ingkang kawarnaa malih ||

27. Arya Jipang pêjah awit saking tarekahipun Ki Pamanahan tuwin Ki Panjawi

13. kocapa Ki Pamanahan | gêgunêman kalawan Ki Panjawi | katiga lan ipenipun | Ki Juru namanira | pan punika saparane datan kantun | sakawan lawan kang putra | kang nama radèn [ra...]

--- 4 : 32 ---

[...dèn] ngabèi ||

14. samana Ki Juru tanya | pan manira mangke anungsung warti | Ki Pamanahan amuwus | wau sang adipatya | sayêmbara sapa sintên ingkang sanggup | amêngsah pun Arya Jipang | atawa kongsia mati ||

15. apan ginanjar nagara | ing Mataram lawan nagara Pathi | inggih tan wontên kang sanggup | Kyai Juru lingira | yèn makotênmakatên. mangke kula suka rêmbug | pakênira sanggupana | eman kalihan kang nagri ||

16. ing Pathi lan ing Mataram | eman têmên liyaa kang darbèni | Ki Pamanahan amuwus | ki ipe dene gampang | wong atômpa ganjaran nagara agung | sapa wani amungsuhan | Dipati Jipang prajurit ||

17. Ki Juru lingira ngucap | pan manira wus wruh watêke ugi | nyata yèn ki arya têguh | pasthine ginêlaran | pan manira dèrèng ulap yèn amungsuh | gampange tiyang punika | watêke wong bèr kawanin ||

18. yakti awrat tinadhahan | aprang papak agêng kalawan alit | pasthi pakanira rêmpu | ingsun milu mring sira | angrenani ing benjing aprang agupuh | amungsuh Ki Arya Jipang | ana budiningsun ugi ||

19. wong puniku tuhu kêras | yèn tinantang pasthi ika nêkani | tan anganti rowangipun | lah yèn prapta priyôngga | ginagalak pasthi ènthèng yèn minungsuh | arah ingsun kapêncila | nuli kinrubut ing jurit ||

20. yèn punika sampun sayah | pakanira karonana ngajurit | pasthi ika lamun lampus |

--- 4 : 33 ---

lah nêdha benjang enjang | yèn pakanira wus kadugi glaripun | amungsuh Arya Panangsang | katura sang adipati ||

21. sampun dènnya rêrêmbagan | tan kawarna polahira ing wêngi | enjing pan sampun awungu | samya dandan aseba | Pamanahan katiga lan putranipun | Kyai Juru atut wuntat | wus marêk sang adipati ||

22. pra mantri pêpak sadaya | Sang Dipati Pajang ngandika aris | lah ana ta ingkang sanggup | amungsuh Arya Jipang | para mantri sadaya sami tumungkul | tan ana kang sumanggupa | amungsuh ki arya jurit ||

23. umatur Ki Pamanahan | gih kawula kang sanggup anadhahi | Dipati Jipang prangipun | sakulawarganingwang | sang dipati anjangkunga saking pungkur | yèn tumingal ing sampeyan | pasthi sampeyan kang dèn prih ||

24. dipati suka tyasira | angandika aris sang adipati | alah kakang sokur sèwu | yèn pakênira dhawak | ananggupi Arya Jipang pêrangipun | kakang desa ing Mataram | aja liyan kang duwèni ||

25. ing mangke ta sira kakang | kadipundi gènira ambudèni | Kyai Pamanahan matur | inggih ing benjang enjang | wadya Pajang saosa gêgamanipun | nanging sampun katingalan | kawula ingkang rumiyin ||

26. wontên dene reka kula | kantênane nênggih ing benjing enjing | dipati suka amuwus | lah nêdha bubarêna | samya dandan sasikêping aprang pupuh | pan sampun bubar sadaya | sumurup kang Sang Hyang

--- 4 : 34 ---

Rawi ||

27. Ki Panjawi Pamanahan | lan Ki Juru samya gunêm sawêngi | Ki Juru alon amuwus | ing benjang karsaningwang | pangarite wong Jipang besuk rinuruh | sokur lamun kaparêngan | pangarite sang dipati ||

28. cinêkêl sinungan layang | lan kupinge pinêrung kang sasisih | kinèn matur gustinipun | pasthi yèn ika prapta | bangêt kagyat pasthi sang dipati bêndu | môngsa angantiaanganthia. bala | watêk ingwatêking. wong bèr kawanin ||

29. sampun mupakat katiga | kulawarganira wus dèn undangi | sakadang kadeyanipun | patut wadon lan lanang | sarêng prapta awatara kathahipun | kalih atus sawarninya | punika kadange sami ||

30. sadalu tan ana nendra | wus raina gumuruh nata baris | Kyai Pamanahan sampun | mêdali wong têtiga | lampahira pan sami anamur laku | anjujug ing pangaritan | wong Jipang kang dèn ulati ||

31. wus amor lan wong akathah | nulya manggih pangarit siji mêncil | anuju pangaritipun | jaran Si Gagakrimang | pakathike ing wau sampun kinêpung | sigra aris tinakonan | lah rika iki wong ngêndi ||

32. kang tinanyan angling maras | gih kawula cawise sang dipati | kapal agême ngong tunggu | aran pun Gagakrimang | Ki Panjawi tangginas nuli anubruk | ki pangarit datan obah | Pamanahan mèsêm angling ||

33. ki lurah nêdha sêrana | sun irise kupingira sadhidhik | iya kang sasisih iku |

--- 4 : 35 ---

ki pangarit saurnya | dede padu kuping kang andika jaluk | angur mundhuta karanjang | kawula dhatêng ngaturi ||

34. yèn mênggah kuping punika | sakalangkung kula anggêgendholi | dening wasiyat lêluhur | lan dede jêjalukan | kuping roro saiji andika jaluk | Ki Pamanahan angucap | pira jine sun ilèni ||

35. sanadyan dika tumbasa | dèrèng tau kawula adol kuping | tan wande adamêl butuh | Ki Pamanahan mojar | angur êndi sun tuwêg lan ingsun tuku | ki pangarit kalithihan | dika tumbas yèn sadhidhik ||

36. pakathik sigra cinandhak | kupingira sasisih wus dinawir | ya ta Kyai Juru gupuh | sampun akarya surat | kang pakathik sampun kasinungan wau | kang ardana gangsal wêlas | nuli kinalungan tulis ||

37. pakathik pan kinèn lunga | lah ta poma wêkas ngong layang iki | dèn katur marang gustimu | nuli sira muliha | kang pakathik lumayu pondhoke rawuh | akathah kang wong uninga | yèn pangarit adus gêtih ||

38. narajang mantri aseba | sakwèhing kang nangkil kagyat ningali | lamun pêrung kupingipun | pan kinanthilan layang | Ki Mataun atanya ing baturipun | apa kang rame ing jaba | ingkang dinangu turnyaris ||

39. nênggih pakathik dipatya | dipun pêrung kupingipun sasisih | kinalungan sêratipun | karsanira matura | tur uninga ing gusti kacakrèng kalbu | Mataun aglis angucap | lah wus undurna dèn aglis ||

--- 4 : 36 ---

30. Durma

1. Ki Dipatya ing Jipang lagya adhahar | pakathik dèn cêkêli | mapan maksih rosa | kêdah yun lumêbua | arame gègèr ring jawi | ki adipatya | kagyat dènnya mirsèki ||

2. ingutusan Mataun kang tinimbalan | prapta ngarsa dipati | sigra tinakonan | ing jaba gègèr apa | ki patih sampun andugi | yèn gusti duka | aturira mlas-asih ||

3. dipun aris rumiyin tuwan adhahar | tan prayoga kang warti | ing mangke katura | yèn sampun lorod dhahar | ki adipati lon angling | têka matura | iya ingsun alimi ||

4. Ki Mataun minggu anêmbah kewala | wêruh watêking gusti | wong kang cinêkêlan | abudi sampun uwal | lumayu ngayun ing gusti | sang adipatya | kagyat sira ningali ||

5. lah iku bapa iya wong kêna ngapa | awake kuthah gêtih | Mataun tur sêmbah | inggih gusti punika | kang dados gègèring jawi | pakathik tuwan | nênggih ingkang angarit ||

6. dipun pêrung kupinge kinakanthilan | layangipun puniki | sigra sang dipatya | mundhut punang nawala | asta têngên ika maksih | angêpêl sêga | kang kiwa nyandhak tulis ||

7. gya winaos kang surat sinuksmèng driya | unine punang tulis | kang tunggul panantang | pèngêt Ki Arya Jipang | yèn sira tuhu prajurit | yèn nyata lanang | maguta sun antèni ||

8. ing Bangawan Sore lah sira nabranga | katêmu [ka...]

--- 4 : 37 ---

[...têmu] padha siji | lan Dipati Pajang | aja ngandhêlkên bala | sun tadhahi padha siji | ki adipatya | dukane tan sinipi ||

9. kêpêlira sigra binanting ing panjang | rêmuk dados kêkalih | sigra sang dipatya | akèn kakapa jaran | Si Gagakrimang dèn aglis | lah kambilana | sun arsa mangsah jurit ||

10. wus siyaga Sang Adipati ing Jipang | waosira cinangking | pan biring lanangan | Dhangdhangmungsuh wastanya | turôngga sampun cumawis | pun Gagakrimang | sigra dipun titihi ||

11. Ki Mataun wanti-wanti aturira | adhuh ki adipati | kèndêla sakêdhap | angantosana bala | paduka dipun gêlari | ki adipatya | mirsa pan wuwuh runtik ||

12. Pangeran Arya Jipang darbe sudara | nanging ta seos bibi | Ki Arya Mataram | iya kêkasihira | kapang-kapang anututi | sangêt turira | tuwan kèndêla dhingin ||

13. jêng paduka angantosana ing bala | angling sang adipati | lah sira mindêla | ingsun môngsa wêdia | wus pantêse wong ajurit | dèn byok ing kathah | pan ora sun gingsiri ||

14. wanti-wanti ingkang rayi aturira | kang raka sangêt runtik | iya ranmu uga | sadulur seje biyang | pan ora kadêrêng mami | ngajak ing sira | kang rayi sangêt runtik ||

15. inggih sampun tan kenging kawula eman | pasthi arêbut urip | Mataun anyongklang | anusul kapang-kapang | nanging tan ora nututi | pun Gagakrimang | panandêre lwir mimis ||

--- 4 : 38 ---

16. Ki Mataun wus tuwa ing wayahira | pan duwe lara mêngi | ri sangsaya têbah | lawan Ki Arya Jipang | kocapa ingkang miranti | Ki Pamanahan | kulawôngsa rinakit ||

17. Kyai Juru Pamanahan lan kang putra | sakawan Ki Panjawi | wangsane sadaya | mapan sampun tinata | abaris pinggiring kali | gêgaman Pajang | anèng ing wuri têbih ||

18. saking kêbate panandêring turôngga | Arya Jipang wus prapti | sawetan Bangawan | Sore katon gumawang | wong Sêsela aningali | yèn Arya Jipang | nandêr prapta pribadi ||

19. Adipati Jipang kandhêg sabrang wetan | anèng pinggiring kali | Lèpèn Sore ika | sampun adhêp-adhêpan | kocap ing wêwalêr dhingin | sapa kang nabrang | pasthi apês kang jurit ||

20. wong Sêsela surak lir pendah ampuhan | ingkang nitihi baris | têtiyang tamtama | apan wong pêpilihan | angrampid pinggiring kali | ayun-ayunan | sami angati-ati ||

21. Adipati Jipang asru angandika | hèh sapa kang akardi | sung layang maringwang | mara sira nabranga | ngong kêmbulana ngajurit | dhêdhêmên ingwang | yèn kinêmbulan jurit ||

22. wong tamtama wong Sêsela samya ngucap | lah iya gusti mami | sung surat mring sira | iya Dipati Pajang | nabranga ingsun kêmbari | dudu prawira | yèn kandhêga ing kali ||

23. lamun sira arya tuhuning prawira | yakti sira nabrangi | ingsun tan suminggah | nadhahi yudanira | apan wus tandhinge

--- 4 : 39 ---

ugi | padha prawira | nadhahi padha siji ||

24. Adipati Jipang kalangkung bramatya | kudane dèn cêmêthi | asangêt ginêbyag | Adipati ing Jipang | anuli gêbyur ing kali | pun Gagakrimang | kêbat dènnya anglangi ||

25. anglwir palwa angsal angin dhinayungan | nora cêcêp pêpinggir | surak wong Sêsela | apan sami prayitna | Pamanahan lan Panjawi | myang putranira | Ki Juru tan atêbih ||

26. sarêng prapta ing pinggir Ki Arya Jipang | ginarudug ing bêdhil | sinosog ing watang | linêmbing binangkolang | sinurak awanti-wanti | Ki Arya Jipang | kudane dèn cêmêthi ||

27. Gagakrimang glis lumumpat anglir kilat | tibèng têngahing baris | kinarya wot pisan | janma kathah katunjang | ambrakot nepak ngidêki | wong ing Sêsela | akathah ingkang kanin ||

28. tinumbakan Ki Arya Jipang tan pasah | apan ora tinolih | mung Dipati Pajang | pinungsêng ingularan | kang dadya têlênging ati | ki arya mojar | Si Pajang ana ngêndi ||

29. kang asanggup angêmbari yudaningwang | tandhing prang padha siji | mêngko angucira | têka ngandêlkên bala | katêmua pasthi mati | de ngastaningwang | dene nora naguhi ||

30. wong tamtama lawan santana Sêsela | ika maksih nadhahi | anosok ing wuntat | maring Ki Arya Jipang | saking ngarsa kanan keri | singa katrajang | wong Sêsela kèh mati ||

31. sing katrajang wong Sêsela bubar-bubar | wong Pajang surak sami |

--- 4 : 40 ---

lwir karêngèng wiyat | swaraning wadyabala | dipati suka ing galih | pangrasaning tyas | lwir wong binayangkari ||

32. pangamuke lir banthèng atawan brana | rinoban ing ajurit | sira Arya Jipang | watêk tiyang satunggal | wêkasan anandhang kanin | lambunge kanan | jêjaringane mijil ||

33. jêjaringan sinampirakên warôngka | apan maksih kawawi | tan kandhêg ki arya | pangamuke kotbuta | pan sampun awuru gêtih | sing katarajang | wong Sêsela kyèh mati ||

34. duk samana wong Sêsela ingkang pêjah | kadi babadan pacing | wangke anggulasah | ingamuk Arya Jipang | watêk ing wus nandhang kanin | sira ki arya | datan anêdya urip ||

35. pangamuke ki arya pan tanpa lawan | singa katêmpuh gusis | wau kawarnaa | sira Ki Pamanahan | wruh yèn wong Sêsela ngisis | akathah pêjah | arsa tulunga jurit ||

36. lawan Ki Panjawi akarsa tumandang | wau radèn ngabèi | kang datan saranta | saking wantêring manah | ningali sakwèh wong mati | tantaring rama | sigra mangsah rumiyin ||

37. waos pun Palèrèd ingagêm ingêmbat | mangsah sira ngabèi | ya ta Arya Jipang | kang sampun nandhang brana | pangamuke wuru gêtih | sira rahadyan | kapale dèn titihi ||

38. mangsah ngrana rahadyan angêmbat watang | Ki Juru anututi | èstri kapalira | wau kang tinitihan | miwah sira Ki Panjawi | lan Pamanahan | kêbat [kê...]

--- 4 : 41 ---

[...bat] samya nututi ||

39. apan sampun sami ngampingi kang putra | ki arya aningali | yèn pinagut ing prang | maring wau wong tiga | Dipati Jipang lingnyaris | wong apa sira | wani ngadhangi mami ||

40. apan sira dudu mungsuh ingong aprang | Si Pajang ana ngêndi | kang nanggupi ringwang | wani aganti watang | lah mara konên mêtoni | mapaga ringwang | mupung ngong iki kanin ||

41. sun tarima Si Pajang dudu wong lanang | yèn tan wani mêtoni | pan ngong wus kabranan | lah konên praptèng ngarsa | aja kang kaya sirèki | eman matia | rupamu nom apêkik ||

42. angur sira têka mundura lon-lonan | aja kongsi bilai | Radèn Loringpasar | mirsa lingnya ki arya | rahadèn runtik ing ati | arsa numbaka | Ki Juru wus udani ||

43. yèn kang putra wau lintang runtikira | arsa nêkani wani | Ki Juru prayatna | wruh kudane kang putra | yèn maksih bêlo kinocin | Ki Juru sigra | nguculkên kuda èstri ||

44. kudane ki arya ran pun Gagakrimang | dupi wruh ing kudèstri | bêgar kuda ika | mobat-mabit kewala | miwah rahadèn ngabèi | kudane bêgar | tan kêna dèn titihi ||

45. watêking bêlo kudanira rahadyan | cêlêk lan kuda èstri | ngadêg ulêr kilan | jinambak datan kêna | ambandhang nandêr lwir mimis | sira rahadyan | ngrangkul gulu tumuli ||

46. nanging tan têbih watara sapambalang | kandhêg anuli bali | wus lilih manahnya | kudanira [kudani...]

--- 4 : 42 ---

[...ra] rahadyan | tumurun saking kuda glis | sira rahadyan | nuntun kuda abali ||

47. sarya nibakakên sêngara rahadyan | benjing nak putu mami | aja nunggang kuda | kêkocèn yèn ayuda | pasthi ika ngapirani | sira ki arya | asru dènira angling ||

48. hèh wong Pajang aywa sira angucira | lah payo padha bêdhil | lah sira balia | radèn wus wangsul enggal | wus ayun-ayunan jurit | sira rahadyan | lan Arya Jipang mangkin ||

49. Arya Jipang kudane ran Gagakrimang | dangu wruh kapal èstri | tan kêna marêma | malah saya angrêbda | budine saya malahi | wruh kudanira | radèn tinuntun wingking ||

50. datan kaur ki arya ngingêr landheyan | turôngga mobat-mabit | wus rinampid ika | ki arya mring rahadyan | anulya dipun larihi | saking ing dharat | panumbake ngênèni ||

51. saking ngarsa kaprajaya olih jaja | tatas ludira mijil | sangêting panumbak | jaja trus ing walikat | ludira nututi mili | Ki Arya Jipang | amalês tan ngudhili ||

52. nulya niba wau saking ing turôngga | ki arya angêmasi | têkan kudanira | kasambut anèng rana | jisime wus binabêcik | maring wong Pajang | asih pralinèng jurit ||

53. ya ta Radèn Angabèi Loringpasar | waose dèn tingali | Ki Palèrèd ika | pucuk punggêl sabêras | gêgêtunira tan sipi | kang bangkat karya | pan radèn angabèi ||

54. tan antara

--- 4 : 43 ---

Tumênggung Mataun prapta | sêdya bela ing gusti | angamuk paprangan | tinadhahan ngakathah | tumênggung wus angêmasi | murda tinigas | satêngahing ngajurit ||

55. duk pinanjêr anèng pinggir lèpèn ika | ucapên ingkang kari | gêgaman ing Jipang | nguntap ngêbaki papan | duk samana kang winarni | pan sinangkalan | iku sapta hèr nabiTh. 1471.

56. ambaranang kadi arga kawêlagar | anggênggêng punang baris | kandhêg duk samana | anèng wetaning toya | miyarsa gustine mati | wadya ing Jipang | manahe brôngta kingkin ||

31. Asmaradana

1. mangkana Radèn Ngabèi | Loringpasar angandika | astane sarwi angawe | lah wong Jipang tingalana | gustimu wus palastra | apa ingkang sira rêbut | kudu abela tulangan ||

2. gustinira wus ngêmasi | lawan pêpatihe pisan | udu ta iki sirahe | Tumênggung Mataun Jipang | sun panjêr anèng tawang | rêbutên yèn sira purun | sapa kang milua bela ||

3. apan ta sira wong cili | ayaaywa. milu-milu apa | bulah iki pêpatihe | milu mukti awibawa | ya ta kawula Jipang | arêmbug sami abaluk | pan gustinira wus pêjah ||

4. sampun anabrang ing kali | sakèhe kawula Jipang | ngaturakên bongkokane | mring Ngabèi Loringpasar | mangkana kawarnaa | apan kasaput ing dalu | kondur sami masanggrahan ||

5. ya ta agunêm sawêngi | Ki Panjawi Pamanahan | Ki Juru

--- 4 : 44 ---

alon muwuse | paran rêmbag pakênira | Kiyai Pamanahan | Ki Panjawi mangkya muwus | langkung karsa pakanira ||

6. manira têka umiring | môngsa-borong pakanira | Ki Juru alon saure | kang mêjahi Arya Jipang | pan anak pakanira | lamun aturna satuhu | dhumatêng sang adipatya ||

7. pasthi ganjarane kêdhik | yèn katura putranira | ingkang angaèsi gawe | nora atômpa nagara | tan liyana ginanjar | kang adi awarni kampuh | daragêm ingkang ganjaran ||

8. kalawan picis sakêthi | iku watara manira | yèn para aku wong rèrèh | kang matèni Arya Jipang | katura sang dipatya | nagara ganjaranipun | ing Pathi lan ing Mataram ||

9. Ki Panjawi mangkya angling | kalawan Ki Pamanahan | inggih kalêrês ki ipe | pangandika jêngandika | katur sang adipatya | yèn sampun ubayanipun | yakti tinagih ing prana ||

10. Ki Pamanahan mangkya ngling | yayi yèn makatên rêmbag | dawêg angakên wong roro | kang mêjahi Arya Jipang | ya ta sami arêmbag | radèn ngabèi arêmbug | ing karsane kang sudarma ||

11. enjing kêbat ing pawarti | wus katur Dipati Pajang | yèn kang mêjahi wong roro | pêjahe Ki Arya Jipang | lêlurah wong tamtama | wontên dene wastanipun | Ki Panjawi Pamanahan ||

12. wus enjing adandan sami | Ki Panjawi Pamanahan | asowan dhatêng gustine | arsa ngaturi uninga | patinya [pati...]

--- 4 : 45 ---

[...nya] Arya Jipang | kalawan pêpatihipun | lan patêluke wong Jipang ||

13. sapraptane ngarsa sami | mangkana ing aturira | amba ngaturakên waos | agêmipun Arya Jipang | lan dhuwung sakêmbaran | ingkang dinamêl angamuk | katura sang adipatya ||

14. ngandika sang adipati | inggih ki raka anêdha | lah pundi mangke rupane | wong Jipang kang milu seba | Pamanahan tur sêmbah | punika ta warninipun | ingkang waos binongkokan ||

15. dening mantrinipun nênggih | kang lênggah tarap punika | kang munggwing ing wingking adoh | sang adipati ngandika | lah ki raka anêdha | timbalana kang sinêpuh | manira arsa têtanya ||

16. ya ta sampun dèn timbali | mantri kêkalih kang tuwa | sampun sami majêng karo | ki adipati ngandika | lah ingsun atêtanya | dhimin aduwe sadulur | Arya Jipang seje biyang ||

17. ing mêngko ana ing ngêndi | umatur kang pinariksa | wau wontên ing wingkinge | kang raka kala lumampah | pan wartine dinukan | kongsi dados runtikipun | kesahe datan pamitan ||

18. tilar bala tan tinolih | kala kesahe punika | kawula tan wrin puruge | ki adipati ngandika | dhatêng Ki Pamanahan | kakang dika kula tantun | lah kadipundi ing karsa ||

19. gon dika andum nagari | ing Pathi lan ing Mataram | kang pundi kasrah kang anom | manira tan ngawruhana | môngsa bodho andika | pan pakanira kang sêpuh | kang yogya andum ganjaran ||

--- 4 : 46 ---

20. Pamanahan matur aris | inggih ing pandum kawula | rèh sêpuh kawula ngawon | pun adhi ingkang tampia | nagari Pathi ika | kawula kapanggih kantun | bêbakala ing Mataram ||

21. sang dipati lingnya aris | inggih kakang Pamanahan | eca ing pamanah ingong | yèn wus pratela panduman | manira darma pasrah | lah sampun tanggung ing laku | kakang Panjawi tômpaa ||

22. dèn tampanana ing ngriki | nagara ing Pathi ika | kakang Panjawi duwene | anuli dèn ulihana | nagara dèn tataa | kapanggih wingking kang sêpuh | tampia benjing ing Pajang ||

23. lan malih parentah mami | mring Ki Raka Pamanahan | sampun dika barêng mulèh | lawan ing lampah manira | pakênira karia | marêka kakang bok ratu | angaturana uninga ||

24. yèn Arya Jipang wus mati | kang matèni pakanira | darapon eca manahe | aturana aluwaran | aywa wèt lara brôngta | dening ta wawêkas ingsun | yèn dika wus tur uninga ||

25. anuli andika mulih | sampun kongsi lawas-lawas | ewuh-aya ing lêlakon | anuli dika muliha | sumusula manira | dening ing Mataram besuk | ngong srahakên anèng Pajang ||

26. lah uwis manira mulih | sakèh wawêkas manira | kakang dèn padha kalakon | sigra atêngara bubar | sira Dipati Pajang | kang dhingin wadya asêlur | sang adipati wus bubar ||

27. kawarnaa ingkang kari | ing wau Ki Pamanahan |

--- 4 : 47 ---

minggah ing arga lampahe | apan wus ungkur-ungkuran | lawan sang adipatya | miwah wau lampahipun | Ki Panjawi sampun bubar ||

28. datan kawarna ing margi | Ki Panjawi lampahira | praptèng Pathi nagarane | apan cacah wong salêksa | manggih nagara arja | Ki Panjawi wus jêjuluk | Ki Agêng Pathi sêmana ||

29. kalangkung dening amukti | Ki Agêng ing Pathi ika | kang kawarnaa lampahe | Ki Pamanahan wus prapta | ing gunung Danaraja | Kyai Juru kang tut pungkur | apan datan kêna têbah ||

30. sapraptanira ing ardi | wau Kyai Pamanahan | lawan Ki Juru kanthine | sampun katur ing ratu mas | anuli ingandikan | prapta ing ngarsa umatur | Pamanahan mring ratu mas ||

31. mangkana aturirèki | lampah kawula punika | ratu mas ngutus wiyose | dhatêng ing rayi paduka | Adipati ing Pajang | kinèn tur paksi sang ratu | yèn pun Arya Jipang pêjah ||

32. kawula kang amêjahi | pêjahipun lan apêrang | sarta kalawan patihe | kang tumut bela palastra | wontên ing adilaga | wontên dene murdanipun | pêpatihipun katigas ||

33. miwah sakathah wong cili | wadya ing Jipang sadaya | sampun têluk sakathahe | agêng alit sumawita | mring rayi Tuwan Pajang | kagyat miyarsa sang ratu | bungah amarwata suta ||

34. Ratu Kalinyamat angling | dhumatêng Ki Pamanahan | adhuh nyawa ariningong | sokur yèn Si Jipang pêjah | kang amêjahi [a...]

--- 4 : 48 ---

[...mêjahi] sira | ingsun tan duwe sadulur | yayi amung jênêngira ||

35. kang yogya ingsun ngèngèri | iya amung pakanira | lah ing mangke karsaningong | Kalinyamat iki uga | miwah ta ing Prawata | sakarsanira angangkuh | tan ngrasa duwèni ingwang ||

36. Ki Pamanahan wotsari | inggih anuwun kawula | ratu mas ing pasihane | nanging ta badan kawula | inggih sampun ginanjar | nagari wasta Matarum | kang katampèn ing kawula ||

37. dening nagari ing Pathi | tunggil kang dados ganjaran | nanging kawula sungake | dhatêng pun adhi punika | kawula ngalualah | rèh kula ingangkah sêpuh | abêbakal ing Mataram ||

38. Ratu Kalinyamat angling | lah iku lêwih prayoga | apadene sêranane | barana ing Kalinyamat | iku sira usunga | gawanên maring Matarum | sira gawea bêbakal ||

39. iya sarupane yayi | têtinggale kakangira | ingsun wus pasrah dhèwèke | Ki Pamanahan wotsêkar | langkung panuwunira | lawan malih aturipun | Pamanahan mring kang raka ||

40. inggih kalangkung kapundhi | ing sih pitajêng sampeyan | kang dhawuh ing raganingong | nanging nênuhun kawula | kang kasuwun punika | pusaka ingkang rumuhun | kang awarni bêbarkatan ||

41. Ratu Kalinyamat angling | lah yayi aywa sumêlang | wus kalêbu ujar ingong | sira ingkang aduwea | ingkang warni pusaka | alah iki warnanipun | mirah kusi manjangan bang ||

42. lawan iki

--- 4 : 49 ---

ana malih | intên Si Uluk wastanya | lah yayi wus jangkêp roro | iki sira tampanana | karo wus tinampanan | Pamanahan matur nuwun | kang raka sarwi ngandika ||

43. iku ta wawêkas mami | yayi sira dèn abisa | mêpêt sakèhing wiraos | aja na kang wong miyarsa | pasthine iku uga | yèn kawarta gawe lampus | lah poma dèn bisa sira ||

44. miwah kang rupa pawèstri | iku padha tampanana | mapan iku pawongane | kakangira ing Prawata | miwah ing Kalinyamat | dene kang nom-anom iku | ana ingkang sêsêngkêran ||

45. kang pawèstri iku ugi | iya yayi wruhanira | ana ingkang santanane | lah sira padha gawaa | môngsa bodhoa sira | ingsun tan kawasa gadhuh | kang padha rupa wanodya ||

46. nadyan anaa kang kari | amunga kang wus winayah | kang patut ngladèni ingong | rèh ingsun uwus apapa | môngsa bodhoa sira | ingsun pracaya sirèku | lah uwis dèn bêcik sira ||

47. ya ta rajabrana mijil | kang nampèni wong Sêsela | miwah kang rupa wong wadon | wus winêdalkên sadaya | kabèh pan wus kawongan | Ki Pamanahan Ki Juru | anuhun pamit wotsêkar ||

48. kawula anuhun pamit | Ratu Kalinyamat mojar | iya dèn aris lakune | lah malih sira matura | maring yayi dipatya | yèn gêdhe tarimaningsun | tambuh kang sun wêlasana ||

49. ri sampunira apamit | wong roro

--- 4 : 50 ---

wus sami bubar | saking ing gunung sira lon | tan kawarna lampahira | mampir praptèng Sêsela | anantun kang anak putu | miwah ingkang kulawôngsa ||

50. agêng alit pan tinari | kang trêsna sami binêkta | bandhu lawan santanane | kinêrig kang sami trêsna | tumut dhatêng Mataram | kulawôngsa kathahipun | watawis wong kalih bêlah ||

51. mangkana datan winarni | Ki Pamanahan wus bubar | saking Sêsela lampahe | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Pajang | Kyai Pamanahan laju | marêk dhatêng sang dipatya ||

52. Kyai Juru datan kari | sapraptanira ing ngarsa | Ki Pamanahan ature | dhumatêng Dipati Pajang | sampun dhatêng kawula | rèhning kawula ingutus | marêk ing raka paduka ||

53. ngutus kawula tur paksi | dhatêng Ratu Lèpènnyamat | inggih sampun katur kabèh | yèn pêjah pun Arya Jipang | miwah salir prakara | têlas sadaya pan katur | dhatêng Ratu Lèpènnyamat ||

54. kalangkung suka ing galih | raka Tuwan Lèpènnyamat | sapunika andikane | datan rumaos sagêda | lamun amangsulana | saking sih sampeyan agung | mungguh ngasrah kang sarira ||

55. kalihan amba baktani | mirah wasta manjangan bang | intên uluk pusakane | ing Lèpènnyamat sadaya | miwah warni wanodya | binaktakakên sadarum | têtilare raka tuwan ||

56. dening pawèstri kang kari | kang pinêndhêt raka tuwan | ingkang asêpuh kemawon |

--- 4 : 51 ---

liya punika kabêkta | dhumatêng ing kawula | punika ing mangke katur | kawula darma ambêkta ||

57. môngsa-borong sang dipati | inggih ing lampah kawula | apan sadarma kemawon | anglampahi pangandika | punapa kang kabêkta | apan wajibipun katur | sang adipati ngandika ||

58. kakang atarima mami | sih pracaya pakanira | ingkang marang jênêng ingong | pan kayanirakaryanira. wus kathah | kang katampan maringwang | Arya Jipang patinipun | sarta nagarane pisan ||

59. milane puniku mangkin | santuk-antuk pakanira | kakang sakèh gêgawane | kakang êmbok Kalinyamat | pakanira duwea | manira tan milu-milu | iku waris pakanira ||

60. amung ngong arsa udani | ingkang arupa wanodya | manawa na prayogane | kang layak ngong karsakêna | ya ta wus tinimbalan | sakèh wanodyantukipun | ing Kalinyamat punika ||

61. wus sinaosakên sami | ing ngarsane sang dipatya | sampun pinariksa kabèh | sakathahe kang wanodya | nanging tan ana layak | pan amung satunggal timur | kang sinêngkêr sang dipatya ||

62. pan rare dèrèng birai | ingkang sinêngkêr punika | sang dipatya ngandika lon | dhumatêng Ki Pamanahan | lah kakang titip ingwang | maring rare wadon iku | dèn pênêd gène rumêksa ||

63. puniku yèn wus birai | manira lêbokkên pura | Ki Pamanahan ature | inggih dhumatêng sandika | punika kasantana | dhatêng rakandika [ra...]

--- 4 : 52 ---

[...kandika] ratu | sang dipatya angandika ||

64. lah uwis muliha dhingin | maring wisma pakanira | ki raka besuk ngong miyos | yèn wis aso pakanira | dening desa Mataram | têka dèn sabar karuhun | môngsa wandea atômpa ||

65. Ki Pamanahan gya mijil | wau saking dalêm pura | sampun prapta ing wismane | datan kawarna laminya | pan wus langkung antara | wangsul-wangsul wiyosipun | dipatya tan angandika ||

66. pan nagara ing Matawis | kang badhe dados ganjaran | anging akêdhik cacahe | cinarita maksih wana | nagara ing Mataram | kalangkung angayun-ayun | kang wasta Ki Pamanahan ||

67. Ki Juru amituturi | dipun asabar ing karsa | môngsa wandea kalakon | êndi ana ratu cidra | nanging inganti uga | durung usum tibanipun | sampun para sakit driya ||

68. sangsaya alami-lami | pan sami kèndêl kewala | adipati tan miraos | sangsaya nora darana | wau Ki Pamanahan | sangsaya merang kalangkung | dening sunan mêdyèng ujar ||

69. adhêdhêkah ing Banglampir | Ki Pamanahan samana | saya kagagas wirange | wus lawas tan ana seba | maring Dipati Pajang | dèn palaur adhêdhukuh | ambantêri kang sarira ||

28. Ki Pamanahan bêbadra wontên ing Mataram

70. mangkana ingkang ginupit | Panêmbahan Kalijaga | pan ora samar tingale | pandhita angraga suksma | wikan dèrèng winarah |

--- 4 : 53 ---

karsane wau têtulung | têtinjo ing Pamanahan ||

71. sakêdhap prapta Banglampir | Susunan ing Kalijaga | Ki Pamanahan ngêlosod | dening panêmbahan prapta | wau Ki Pamanahan | sumungkêm padaning guru | sampun atata alênggah ||

72. ngandika sang maha yêkti | dhumatêng Ki Pamanahan | adhuh jêbèng putraningong | ya gene nora nulusa | gènira asuwita | apan sira tunggal kawruh | kalawan Ki Jêbèng Pajang ||

73. Ki Pamanahan ngabêkti | kawula anuwun duka | putra paduka ing Paos | angowahi ing ubaya | milanipun kawula | inggih asangêt tan purun | sumawita ratu cidra ||

74. mèsêm Sinuhun ing Kali | arum wijiling wacana | aja ta sira wiraos | apan ingsun wus uninga | karsane manahira | alah payo mêngko ingsun | kang angatêr marang sira ||

75. apêpanggiha pribadi | kalawan ta arinira | apan wus tunggal paguron | kalawan Ki Jêbèng Pajang | singa ingkang dêduwa | yakti ingsun kang amatut | aja na wêganging karsa ||

76. lah payo sun atêr kaki | maring nagari ing Pajang | sira pêpanggiha dhewe | saksana sang apandhita | lumampah dhatêng Pajang | Ki Pamanahan tut pungkur | datan kawarna ing marga ||

77. anjujug ing dalêm puri | lumêbêt tanpa larapan | sarêng prapta ing kadhaton | kagyat dènira tumingal | ya ta Dipati Pajang | agêpah dènnya tumurun | tur sami nungkêmi pada ||

--- 4 : 54 ---

78. sampun atata alinggih | panêmbahan angandika | ki jêbèng apa karsane | sira cidra ing ubaya | maring ing kakangira | apan sira wus asanggup | awèh nagara Mataram ||

79. pan timbangane ing Pathi | Mataram tan kalampahan | kakangira ingkang anom | kakangira ingkang tuwa | pan dèrèng kalampahan | atampi ganjaranipun | Dipati Pajang tur sêmbah ||

80. mila nagri ing Matawis | dèrèng kasungkên pun kakang | dening maksih cêngkar garèng | ping kalihnya maksih wana | wawêngkon ing Mataram | akêdhik têtiyangipun | sêdyane manah kawula ||

81. pun kakang kawula sungi | nagari ingkang agêmah | dawêg ocal prayogine | panêmbahan wus uninga | jro tyase sang dipatya | lawan malih batinipun | kalawan Ki Pamanahan ||

82. ya ta angandika malih | Panêmbahan Kalijaga | pa gene têka mangkono | pan wus kalêbu ing ujar | bêcilbêcik. lawan alaa | aja angowahi sanggup | apan wus janjine ana ||

83. Mataram lawan ing Pathi | iku kang dadi ganjaran | aja na ujar kapindho | lah uwis sira srahêna | maring ing kakangira | tulusa dadi sadulur | atuta lir guladrawa ||

32. Dhandhanggula

1. sang dipati dangu tan kêna ngling | kèmêngan ing tyas apan akarsa | nora dèn aturna kabèh | sasurasaning kalbu | dados goroh mungguhing batin | sayêkti sang dipatya | sangêt jrihing guru | wasana

--- 4 : 55 ---

matur anêmbah | dhatêng guru amba kamipurun ugi | umatur dhatêng tuwan ||

2. apan amba midhangêt rumiyin | wirayatipun Sinuhun Ngarga | punika benjing ing têmbe | wontên umadêg ratu | kadi amba nagri Matawis | ya ta sang apandhita | angandika arum | hèh Ki Jêbèng Pajang gampang | yèn mangkono iya kakangira mangkin | dimène aprasêtya ||

3. lah Jêbèng Pamanahan sirèki | prasêtyaa sun sêksèni sira | Ki Pamanahan nulya ge | atur sêmbahing guru | inggih amba tuwan sêksèni | lamun amba darbea | kayun madêg ratu | sêdya jumênênga sunan | nèng Mataram prasêtya kula puniki | awak kula priyôngga ||

4. yèn damêla piala wak mami | sêdya ngêndhih akaraton Pajang | ing awak kawula dhewe | sampun pênêd tinêmu | sapa sintên wikana benjing | sawuri-wuri amba | gaibing Hyang Agung | langkung karsaning Pangeran | panêmbahan angandika iya uwis | pan bênêr ujarira ||

5. iya jêbèng datan ana sisip | ujarira wau sang dipatya | ing Pajang lêga galihe | dènnya miyarsa wuwus | angèstokkên sapa wruh gaib | kêna ing ujar keras | panêmbahan muwus | lah uwis Ki Jêbèng Pajang | apasraha ya padesan ing Matawis | sungêna kakangira ||

6. Adipati ing Pajang wotsari | dhatêng ing guru saaturira | sumôngga ing asta kalèh | kula langkung jumurung | alah kakang dika tampèni | inggih dhusun [dhu...]

--- 4 : 56 ---

[...sun] Mataram | taksih wana tuhu | Ki Pamanahan saksana | anampèni inggih desa ing Matawis | ingkang dadi ganjaran ||

7. panêmbahan angandika aris | lah uwis jêbèng sira muliha | maring Mataram dèn age | amboyonga sirèku | lan saanak rabinirèki | ingsun amini sira | tulusa sadulur | iya lawan arinira | Jêbèng Pajang alah iya kaki uwis | sira padha karia ||

8. lah ingsun kaki apan mit mulih | sigra atur sêmbah kalihira | mangkana ing sawingkinge | jêng panêmbahan wau | Pamanahan wus pamit mijil | mantuk ing wismanira | apan wus atêmu | lawan wau garwanira | miwah putra pêpak sanak rayatnèki | sadalu pagunêman ||

9. rêrêmbugan lan Jurumartani | sampun rêmbag dènira akarsa | boyong dhatêng Matarame | Ki Pamanahan wau | putranira pitu winarni | ingkang jalu lêlima | kalih èstrinipun | pan sampun sami akrama | wau putra kang jalu lawan kang èstri | nênggih pambayunira ||

10. kang anama Rahadèn Ngabèi | Loringpasar apan tan ingetang | kang tuwa lawan anome | kêkalihe duk timur | Radèn Jambu ingkang satunggil | Radèn Santri malihnya | lawan malihipun | Radèn Tompe ingkang nama | gangsalipun Radèn Kadhawung anênggih | kêkalih kang wanodya ||

11. kalih pan sampun apalakrami | satunggal antuk Tumênggung Mayang | wontên dene satunggile |

--- 4 : 57 ---

apan akrama antuk | ya Ki Arya ing Dhadhaptulis | sami mantri ing Pajang | apan kalihipun | sami nutakên lakinya | putra èstri kêkalih karsanirèki | tan tumut mring Mataram ||

12. sêmana kawarnaa ing enjing | apan sampun dènira adandan | Ki Pamanahan karsane | saos ing gustinipun | pan akarsa ngaturi pamit | dhatêng Dipati Pajang | ingiring ing sunu | miwah putrane kang tuwa | Radèn Angabèi Loringpasar ngiring | prapta ing panangkilan ||

13. Ki Pamanahan sampun apanggih | lawan Sang Adipati ing Pajang | anèng pasewakan andhèr | sadaya putranipun | Kyai Pamanahan aganti | ngujungi sang dipatya | miwah putra sêpuh | radèn ngabèi samana | rêrangkulan wau kalawan kang rayi | ya Pangeran Bênawa ||

14. rêrangkulan saha waspa mijil | kalihira kang rayi kang raka | radèn ngabèi dêlinge | dhuh yayi mas riningsun | lah pun kakang akarsa mulih | mring desa ing Mataram | kantuna riningsun | ngaturi pamit pun kakang | aturira Pangran Bênawa mlas-asih | saha asêmu waspa ||

15. inggih ta kakang sampun alami | benjing nuntên paduka wangsula | atinjo ing ulun malèh | tan bêtah pisah ulun | lan paduka kadosa pundi | kakang polah kawula | lamia tan têmu | kakang kalawan paduka | ya ta Ki Pamanahan umatur aris | dhatêng sang adipatya ||

16. aturira angaturi pamit | sang dipatya ngandika [nga...]

--- 4 : 58 ---

[...ndika] lah kakang | sami-sami rahayune | salamêta kang kantun | salamêta ingkang lumaris | nulya auluk salam | ya ta Kyai Juru | atur pamit mring dipatya | apan sampun jawat tangan lan dipati | lèngsèr Ki Pamanahan ||

17. ingkang putra sadaya umiring | wêdalira saking panangkilan | sang dipatya jêngkar age | apan ngadhaton sampun | kawarnaa kang sampun mijil | saking pasowan prapta | wisma sami lungguh | wau Kyai Pamanahan | putranira èstri kalih sarêng prapti | nungkêmi padèng rama ||

18. putra èstri kalih sarêng nangis | ingkang antuk Ki Tumênggung Mayang | wau ingkang pamêkase | ingkang akrama antuk | Kyai Arya ing Dhadhaptulis | inggih kalih punika | apan sami mantu | nênggih sami mantri Pajang | Ki Pamanahan angling nak ingsun nini | babo aja karuna ||

19. rara sira dèn abisa ugi | gonira nutakên lakinira | witningsun tan bêtah anggèr | apisah lan sirèku | nanging kaya ngapa ta nini | bot wong aduwe priya | tan etang ramèbu | wus jamak wong laki uga | amung donganingsun maring sira nini | tulusa palakrama ||

20. lah uwis padha kariya nini | ingsun boyong mulih mring Mataram | kang putra nangis kalihe | sarya tur baktinipun | dhatêng rama kalawan bibi | dadya amêgat trêsna | kang lunga lan kantun | ingkang mantu kalih samya | atur sêmbah Ki Ariya Dhadhaptulis | lawan Tumênggung Mayang ||

21. ya ta Ki Pamanahan [Pamanah...]

--- 4 : 59 ---

[...an] sira ngling | alah ta payo uwis mangkata | pan mumpung esuk mangkene | santana para sunu | gya umangkat saanak rabi | asêlur kang rêmbatan | lan gotonganipun | sadandananing awisma | pan sadaya datan ana ingkang kari | gumêrah kala mangkat ||

22. apan sakulawangsanya kêrig | dènnya boyong dhatêng ing Mataram | Ki Juru punapa malèh | kêrig sarayatipun | pan binêkta dhatêng Matawis | rêmbên ing lampahira | asêndhên ing ênu | wantu ngiringakên garwa | miwah ingkang para putra agêng alit | wanèh winot ing kuda ||

23. ana winot banthèng lan jêjawi | para garwa lawan sêlirira | anitih joli tandhune | mangkana lampahipun | rêreyongan samargi-margi | rêmbên èstri lampahnya | rantaban dinulu | ana kang rare ingêmban | sakèhing babêktan rêmbatan anggili | tanapi gagotongan ||

24. adulur kang kari lan kang dhingin | miwah ingkang awarni gotongan | kasur lawan gêgulinge | myang karang ulunipun | pan binêkta tan ana kari | aboyong mring Mataram | duk araryan wau | lampahe Ki Pamanahan | sanak putu andhèr sor waringin taji | wau ingkang kocapa ||

25. Ki Gêdhe ing Karanglo anênggih | apan sampun cêcawis sêmana | ngaturi suguh karsane | dhatêng ingkang lumaku | kang arèrèn soring waringin | Kiyai Pamanahan | ingkang dèn sêsuguh | akathah pisêgahira | pangajênge [pa...]

--- 4 : 60 ---

[...ngajênge] jangan mênir pêcêl pitik | pawingkinge akathah ||

26. pirang-pirang gotongan kang prapti | Ki Gêdhe ing Karanglo agêpah | dènnya sêgah lan garwane | prapta luk salam sampun | nulya sami tata alinggih | dahat amrih sih sira | Ki Karanglo matur | kawula ngaturi sêgah | sêkul sananjung tanpa ulam puniki | ywa kirang pangapura ||

27. Ki Pamanahan nauri aris | inggih nêdha ki bayi manira | nulya sami dhahar age | adhahar adunipun | pêcêl pitik lan jangan mênir | wau Ki Pamanahan | adhahar sakantun | lan saanak rayatira | apan tuwuk sadaya dènnya abukti | ri sampuning dhadharan ||

28. Ki Pamanahan ya ta sira ngling | inggih ki bayi apan manira | kapiutangan agêdhe | pintên banggi ing besuk | pan manawi manira bakit | amangsuli sih para | kang dhawuh maringsun | ya ta ature mangrêpa | Kyai Gêdhe Karanglo inggih tan kenging | amba matur punika ||

29. Ki Pamanahan mangkat tumuli | Ki Gêdhe Karanglo tut wuntat | sêdya ngatêrkên lampahe | dhumatêng ing Matarum | langkung dènnya aminta kang sih | dhatêng Ki Pamanahan | Ki Karanglo wau | wontên karaosing manah | kang ing têmbe wontên ngarsa-arsa ugi | wau ingkang kocapa ||

30. nênggih Kangjêng Susunan ing Kali | dawêg siram anèng lèpèn Umpak | Ki Pamanahan lampahe | kagyat sira andulu | dhatêng guru sang maha yêkti | sigra pinalayonan |

--- 4 : 61 ---

prapta nêmbah sampun | mring guru sang apandhita | agya nyandhak suku ingkang têngên nênggih | wau kang winasuhan ||

31. Ki Gêdhe ing Karanglo sirèki | amasuhi padane kang kiwa | risang pandhita sukune | sampuning masuh suku | sang ayogi Kalijaga ngling | maring Ki Pamanahan | myang kêkalihipun | Ki Gêdhe Karanglo ika | lah ki jêbèng iya dèn patut sirèki | dènnya sami kêkadang ||

32. lawan saturunira ing benjing | Ki Gêdhe ing Karangêlo sira | lah milua mukti bae | nanging tan wênang besuk | anungganga jêmpana joli | iya saturunira | lan tan wênang sêbut | êmas lawan radèn ika | alah uwis lajua lampahirèki | Ki Jêbèng Pamanahan ||

33. ya ta lajêng mring nagri Matawis | Ki Pamanahan myang para putra | pan sami angiring kabèh | lan kulawangsanipun | sakèh kulawangsanya sami | tata-tata pemahan | nglêmpak nèng Matarum | samana wus gêmah arja | kèh wong mônca desa prasamya pêpati | anèng dhusun Mataram ||

34. rupa mantri winisayèng janmiSengkalan: rupa mantri winisayèng janmi (1531 A.J.). | sangkalane duk tatêruka |Kurang satu suku kata: sangkalane duk atatêruka. Ki Agêng nèng Matarame | kathah pala gumantung | lawan murah kang bêras pari | tan ana kang tinumbas | miwah kang tinandur | ukur tumiba ing lêmah | apan dadi sarwa ana amêpêki | barang tinakokana ||

35. palêmahan nagari Matawis | kalangkung loh ajinawinira | arata jêmbar pasitèn | tan ana cacadipun | pan apasir lawan [la...]

--- 4 : 62 ---

[...wan] awukir | pacangkraman akathah | ing dharat ing banyu | arêmbug pasitènira | tur awêdhi saparan-paranirèki | toya wêning sumbêran ||

36. apan sangsaya kathah wong prapti | ingkang awisma anèng Mataram | piwahmiwah. saanak putune | tan pêgat tiyang rawuh | ingkang sami ngaturi bêkti | miwah atur dhadharan | myang wowohanipun | lan akathah atur ulam | ulam êloh sami ngaturakên maring | Kyai Agêng Mataram ||

37. tulus suka awibawa mukti | ingkang adhêdhêkah ing Mataram | lawan sakulawangsane | miwah kang para sunu | datan ana winalang ati | tulus kamuktènira | sakarsanya tutug | Kyai Gêdhe ing Mataram | nutug dènnya amukti pinundhi-pundhi | dening wong sa-Mataram ||

38. nanging Kyai Agêng ing Matawis | kala sêmana kang maksih ketang | Sunan Pajang andikane | kala matur ing guru | prasêtyakên wirayat Giri | yèn benjang ing Mataram | wontên ratu agung | mila Ki Agêng Mataram | panyiptane nadyan wontêna narpati | lwaliyan satêdhaknya ||

39. marmanira Ki Agêng Matawis | taksih asangêt kasutapanya | rikala pênêd sasine | tansah ambantêr laku | angirangi ing dhahar guling | tan pêgat atirakat | dhatêng Gunungkidul | miwah dhatêng Pamantingan | gènnya tapa samana Kyagêng Matawis | adarbe prasanakan ||

40. akêkasih Ki Agêng ing Giring | kasêbut Ki Agêng Paderesan | apan andèrès karyane | kalangkung

--- 4 : 63 ---

rakêtipun | tan rumasa sanak mêmanggih | lwir sadhèrèk sayayah | anunggil saibu | tan ana taha-tinaha | tunggil manah acarêm saeka kapti | samana kawarnaa ||

41. kala samana Ki Agêng Giring | wayah enjing ngunggahi deresan | anèng ing pakarangane | nanging ana winuwus | pakarangan ana satunggil | tirisan tan amanggar | lamine tinandur | nanging kalane punika | dawêg wontên wohipun namung satunggil | wayah lagi dawêgan ||

42. prênahipun tirisan sumandhing | ajajar cêlak ika kalawan | deresane kyai gêdhe | ya ta deresanipun | duk samana dipun unggahi | Ki Gêdhe Paderesan | sapraptaning luhur | lagi atrap bumbungira | kyai gêdhe amirsa swara dumêling | lwir pangucaping janma ||

43. prênahing swara ingkang dumêling | anèng dawêgan satunggil ika | kang cêlak lan deresane | mangkana swaranipun | hèh ki gêdhe wruhanirèki | sapa ingkang ngombea | maring toyaningsun | dèn êntèkna babar pisan | iku têmbe saturune dadi aji | amêngku tanah Jawa ||

44. kagyat ing tyas Ki Gêdhe ing Giring | mirsa swaraning dawêgan ika | nulya tumurun sira ge | saking deresanipun | wus asèlèh bonjorirèki | tumulya ingunggahan | pinènèk agupuh | praptèng luhur wus ingalap | kang dawêgan cinangking mudhun aririh | sapraptane ing lêmah ||

45. sigra binêkta mantuk tumuli | deresane [dere...]

--- 4 : 64 ---

[...sane] datan rinawatan | mung dèn pêlêng dawêgane | ingkang binêkta mantuk | praptèng wisma gya dèn parèsi | sawusasawuse. kaparesan | winagah ing kalbu | pangunjuking toya dwêgan | yèn ingunjuka maksih enjing puniki | cinunggah datan têlas ||

46. nanging sadina punika ugi | kyai gêdhe tan anggodhog kilang | mung amêlêng dawêgane | mila kang pawon suwung | datan wontên tilasing gêni | tan kadi saban-saban | agung kutug-kutug | amung ing dintên punika | pawon suwung tan wontên tilasing gêni | wau ki gêdhe ika ||

47. wusing dawêgan dinugi-dugi | ingunjuk tan têlas babar pisan | anulya sininggahake | wau dawêgan sampun | nèng pêpaga gènnya ngrawati | saluhur pawon ika | kyai gêdhe gupuh | tumulya kesah mring wana | babad kajêng akarya kêsêl ing dhiri | sangêta kajêngira ||

48. karsanira Ki Agêng ing Giring | yèn sampun sangêt pangêlihira | arsa ngunjuk sarawuhe | wau sampun adangu | kesahira Ki Agêng Giring | ya ta Kyagêng Mataram | samana duk rawuh | ningali suwêng kang raka | Kyai Agêng Mataram tanya sira ngling | mring Ki Giring garwanya ||

49. wontên pundi wakane puniki | dening sêpi Nyai Giring mojar | kesah wikana puruge | sanggupe ambil kayu | dhatêng wana ambêkta kudhi | Ki Agêng ing Mataram | lampahira laju | dhatêng pawon karsanira | ngunjuk kilang aningali pawon sêpi |

--- 4 : 65 ---

tumênga mring pêpaga ||

50. aningali dawêgan satunggil | nèng pêpaga sampun pinaresan | apan kantun ngunjuk bae | ya ta ingambil sampun | dêgan maring Kyagêng Matawis | binêkta dhatêng wisma | alinggih ing salu | sarya ambolong dawêgan | kyai agêng atanya mring Nyai Giring | puniki punapaa ||

51. têka botên kakang ngrêratêngi | godhog lêgèn pan kula punika | mampir anjêjaluk lêgèn | Nyai Giring amuwus | inggih amung dintên punika | karsane raka dika | aso kêsêlipun | Nyai Giring kagyat mulat | yèn dawêgan arsa ingunjuk kang rayi | apan sampun ingasta ||

52. agya ingampah mring Nyai Giring | Kyai Agêng Mataram amêksa | mangkana ing pangampahe | kiyai ariningsun | kang dawêgan punika ugi | sampun andika têdha | inggih toyanipun | ing wau raka andika | wêwêlinge dhatêng kula wanti-wanti | yèn wontêna ngunjuka ||

53. kula kinèn sangêt amalangi | yèn dawêgan siyos dèn unjuka | mandah ta silih dukane | rakandika maringsun | yakti ajrih dipun dukani | kula mring rakandika | ki agêng amuwus | inggih kakang sampun maras | manah dika manawi dipun dukani | dika marang si kakang ||

54. têka dika abêbeja ugi | mring si kakang yèn kula kang mêksa | kang angunjuk dawêgane | dening yèn kakang bêndu | sakarsane bêndoni mami | saking angêlak kula | saksana ingunjuk |

--- 4 : 66 ---

toyane dawêgan ika | mring Ki Agêng Mataram langkung amanis | raosing toya dêgan ||

55. lan sangêt ngêlak Kyagêng Matawis | têlas toyaning dêgan satunggal | tan wontên kantun satètès | datan antara dangu | Kyai Agêng ing Giring prapti | wau saking ing wana | wusing sèlèh kayu | anjujug ing pawon ika | sêsimpênan ing pêpaga dèn tingali | datan wontên katingal ||

56. mantuk manjing ing wisma tumuli | Kyai Giring ki agêng kapêdhak | alinggih anèng pantine | Kyagêng Giring alungguh | sarya angling takèn ing rabi | nyai lah mau sapa | rawat dêgan ingsun | kang sun dokok ing pêpaga | paga pawon ingkang garwa anauri | inggih rayi andika ||

57. rayi dika Ki Agêng Matawis | apan botên kêni kula ampah | sêsambat sangêt ngêlake | kula sangêt tan asung | kyai agêng nambungi angling | inggih kakang manira | wau kang angunjuk | saking pangêlak manira | kumapurun manira andhêdhiminiandhêdhingini. | sakarsa dika duka ||

58. gêgêtun ing tyas Kyagêng ing Giring | adangu wau datan angucap | ya ta mupus ing jro tyase | watêk ing sampun luhung | aib ing Hyang ingkang kalingling | wruh yèn tan kêna owah | pasthine Hyang Agung | yèn Ki Gêdhe ing Mataram | kang sinungan takdiring Hyang mêngku Jawi | saturun-turunira ||

59. awasana Ki Agêng ing Giring | aris mojar mring Kyagêng Mataram | lah adhi makètên bae | kadipundi gèn jaluk | darbèk [dar...]

--- 4 : 67 ---

[...bèk] kula kang wus binukti | mungguh dhatêng andika | rèh ing asadulur | nanging panjaluk manira | rêmbag patut mring dika kang wuri-wuri | kênia gêgêntosan ||

60. Ki Agêng Matawis wruh ing wadi | ri panjaluke Ki Giring ika | wus katampèn ring manahe | saosiking tyasipun | wus tan samar Kyagêng Matawis | ring Kyagêng Giring ika | sapanjalukipun | mangkana pangucapira | Kyagêng Giring lan kadipundi ki adhi | ing panêdha manira ||

61. manira têdha têdhak satunggil | têdhak pakanira kagêntèna | ing têdhak manira têmbe | Kyagêng Mataram muwus | adhuh boya dèrèng kadugi | panjaluk pakanira | amawas ing tuwuh | manira pan maksih cuwa | Kyai Agêng ing Giring amuwus malih | inggih lamun mangkana ||

62. têdhak pindho adhi kadipundi | kagêntèna ing têdhak manira | Ki Gêdhe Mataram linge | punika maksih tanggung | ing amukti dèrèng katawis | Ki Agêng Giring mojar | têdhak kaping têlu | puniku manira têdha | Kyai Agêng Matawis tan anglilani | nêdha têdhak kaping pat ||

63. datan suka Kyagêng ing Matawis | nêdha malih têdhak kaping lima | Kyagêng Mataram tan awèh | têdhak nêm kang jinaluk | datan suka Kyagêng Matawis | Ki Giring maksa nêdha | têdhak kaping pitu | lingnya Ki Gêdhe Mataram | sapênêde sok sukaa ingkang kari | manira tan uninga ||

64. ri sampunnya sami aprajangji | Kyai Agêng Mataram samana | anulya apamit mulèh | tan kawarna

--- 4 : 68 ---

ing ênu | kyai agêng pan sampun prapti | ing padalêmanira | nagri ing Matarum | tan kawarna laminira | kyai agêng sêmana rêntêng kang galih | margi saking kang putra ||

65. ingkang anama radèn ngabèi | ingkang karya susah galihira | sêmana ngiwa tingale | apan ta kumapurun | nyorok sêsêngkêran Dipati | Pajang warni wanodya | badhe sêlir panggung | kang kagadhuh ingkang rama | angsalipun wanodya punika nguni | saking ing Kalinyamat ||

66. mila ki agêng manah kuwatir | maras ajrih mring Sang Adipatya | Pajang sangêt pêpacuhe | saking watiring kalbu | kyai agêng karsanirèki | asowan dhatêng Pajang | atur sêtyanipun | sarya kang putra binakta | karsa ingaturakên kang pati urip | dhatêng Dipati Pajang ||

67. sampuning dandan mangkat tumuli | kyai agêng sowan dhatêng Pajang | agêgancangan lampahe | kang putra datan kantun | kang anama radèn ngabèi | tan kawarna ing marga | samana wus rawuh | nênggih nagari ing Pajang | kyai agêng wus apamondhokan sami | enjing kang kawarnaa ||

68. sampun katur dhatêng sang dipati | yèn Ki Pamanahan ing Mataram | prapta kalawan putrane | kagyat tyas sang aulun | kadingarèn wakane prapti | baya ana karyanya | ingandikan sampun | umanjing sirèng jro pura | Ki Pamanahan cundhuk risang dipati | sampun auluk salam ||

69. sampun ing ulukinguluk. salam alinggih | Ki Pamanahan munggwèng ing ngarsa | saha bukuh palungguhe | gya mangrêpa [mangrê...]

--- 4 : 69 ---

[...pa] umatur | pan kawula sang adipati | ngunjukakên punika | pêjah gêsangipun | pun Ngabèi Loringpasar | pan sumôngga ing karsa sang adipati | kawula suka lila ||

70. kagyat mirsa tyas sang adipati | ing aturira Ki Pamanahan | ya ta mangkana dikane | punapa dosanipun | sutaningwang si angabèi | pakanira apaksa | tur patyaripipunpatyuripipun. | wruhan pakanira uga | si ngabèi iku sutèngong sayêkti | lan sutangong kawitan ||

71. manira angkah gèn anênêkti | sutaningwang si ngabèi uga | manira eman dedene | têka mangkin agupuh | pakanira srahkên ing pati | manira tan anduga | punapi liripun | Ki Pamanahan turira | nuhun duka kawula sang adipati | saking tiwas kawula ||

72. mila ing mangke pun angabèi | kawula bêkta sowan punika | sumôngga pêjah gêsange | kalangkung kumapurun | anglangkungi karsa dipati | inggih kang sêsêngkêran | punika ginanggung | ingkang saking Lèpènnyamat | pan punika kang rinencang lambangsari | saking tiwas kawula ||

73. punapa karsa sang adipati | apan kawula atadhah duka | sumôngga ing sakarsane | ya ta lêga tyasipun | sang dipati aris dera ngling | lah ta lamun mangkana | manira jumurung | yèn si ngabèi arsaa | angrawati ing rare punika nguni | kang saking Kalinyamat ||

74. lah pênêdipun punika ugi | wakane nuli pinanggihêna | ênggèh benjang satêkane | nanging wawêkas ingsun | yèn [yè...]

--- 4 : 70 ---

[...n] tan wontên kanggene benjangbenjing. | sampun dèn siya-siya | wakane sirèku | ingkang maksih rumaksaa | lan maninge pakanira ngong waoni | amêngku bocah lanang ||

75. apan jamak yèn sampun birai | bocah lanang sinandhing wanodya | dadia arêm-arême | punapa malih iku | yèn rabia ingkang prayogi | ya ta Ki Pamanahan | mangrêpa andhêku | angraos kadukaning tyas | ri sampuning têlas andika dipati | ya ta Ki Pamanahan ||

76. sampun atur pamit mring dipati | pamitira mantuk mring Mataram | gya mijil saking purane | lajêng ing lampahipun | tan kawarna sira ing margi | wus prapta ing Mataram | manjing dalêmipun | samana datan winarna | polahira radèn ngabèi wus panggih | lan Putri Kalinyamat ||

77. wus alama gènira apanggih | Radèn Ngabèi Saloringpasar | lan Putri Kalinyamate | apan sampun sêsunu | apan jalêr putranirèki | anama Radèn Rôngga | warnane abagus | rama ibu langkung trêsna | lami-lami Kyai Agêng ing Matawis | asowan dhatêng Pajang ||

29. Adipati Pajang jumênêng dados sultan

78. kocapa malih Sang Adipati | ing Pajang apan kala samana | arsa umunjuk jênênge | wau duk lampahipun | sang dipati seba mring Giri | arsa jumênêng sultan | kestrenan wong luhung | lampahe saglar sapapan | para mantrinira sadaya angiring |

--- 4 : 71 ---

myang Ki Gêdhe Mataram ||

79. samana apan tumut umiring | ing lampahe Adipati Pajang | prapta ing Giri sira ge | ya ta sarawuhipun | Adipati ing Pajang nangkil | Sunan Parapèn ika | pan sineba esuk | wontên ing Giri kadhatyan | pra nayaka Japan Wirasaba nangkil | pêpak kabèh nèng ngarsa ||

80. Dipati Surabaya Kadhiri | Pasêdhahan wong agung bang wetan | pêpêkan aseba kabèh | wong Madura tan kantun | Lasêm Tuban Sidayu Pathi | Dipati Pajang ika | ngandika mring ngayun | kang minôngka palinggihan | binatur ing prangmadaniprangwadani. pra dipati | samya linggih atata ||

81. kang para mantri tata alinggih | nèng wurining gusti sowang-sowang | lante lêlurah jajare | Ki Agêng ing Matarum | pan alinggih wontên ing wuri | nira Dipati Pajang | ri sampune wau | Ki Adipati ing Pajang | ingestrenan dhatêng Susunan ing Giri | jumênêng Sultan Pajang ||

82. apan punika babadhebabade. nguni | rêsi têtiga wisayèng janma | nênggih mangkana babade | gya pêpundhutan mêtu | saking pura lumintu mijil | prasamya ingajangan | sakathahe wau | para dipati sadaya | wus sumadya prasamya adan abukti | pra dipati sadaya ||

83. Sunan Parapèn ngandika aris | dhatêng sakathahing pra dipatya | anak putuningsun kabèh | lah dèn padha apatut | aja ana kang amêmiti | dèn padha tyas raharja | lah dèn padha sukur | ing Allah Kang Maha Mulya | ing sajênêng-jênênge [sa...]

--- 4 : 72 ---

[...jênêng-jênênge] pribadi benjing | aywa na manah arda ||

84. ingsun têdha anak putu mami | padha slamêta dunya ngakerat | kang para dipati kabèh | sami asaurmanuk | nuhun duka kawula sami | sih dalêm jêng susunan | kalangkung asuwun | ya ta sagung pra dipatya | sakathahe sampun dènnya samya bukti | ambêng wus linorodan ||

85. lajêng pinatêdhakkên ing wingking | panakawan sampun cinarikan | sampun sami nêdha kabèh | ya ta sakathahipun | ri kang panakawan pan sami | tiningalan sadaya | mring Sunan ing Gunung | ya ta Ki Gêdhe Mataram | wau ingkang dèn tingali Sunan Giri | pandhita maharaja ||

86. apan anampèni sêmu aib | nora samar mring Kyagêng Mataram | raja pandhita dêlinge | hèh Ki Pajang nak ingsun | alah sapa sintên puniki | wastane panakawan | kang mangan angantun | Sultan Pajang aturira | abdi dalêm wastane punika nênggih | pun patinggi Mataram ||

87. cacah tiyang kawan atus nênggih | ingkang dipun rèhakên punika | raja pandhita dêlinge | sira kona mring ngayun | lawan ajajara alinggih | lan kang para dipatya | dyan Kyagêng Matarum | tur sêmbah linggih ajajar | lawan sakathahing kang para dipati | tansah pinandêng tingal ||

88. angandika Susunan ing Giri | lah iya wruhanira sadaya | sakèh pra dipati kabèh | ya Ki Gêdhe Matarum | iku têmbe-têmbe ing benjing | anak putune uga | angrèh Jawa besuk |

--- 4 : 73 ---

sakèhe wong nusa Jawa | iku besuk padha ngidhêp ing Matawis | Kyagêng Mataram mirsa ||

89. ing pangandikane Sunan Giri | dyan Ki Agêng Mataram mangrêpa | asujud anèng ngarsane | ngaras siti ing Gunung | sakalangkung anuhun ing sih | dhatêng sang apandhita | ya ta sang awiku | aris dènira ngandika | pasthining Hyang tan kêna ingowah gingsir | dadya Kyagêng Mataram ||

90. agya ngaturi dhuwung satunggil | dhatêng Susunan ing Giri ika | nulya tinampi dhuwunge | samya kacaryan dulu | sakèhing kang para dipati | mring Ki Gêdhe Mataram | de cinêtha wau | amutêr rat bumi Jawa | sêsampune mangkana Sinuhun Giri | nulya karya talaga ||

91. sakathahe kang para dipati | apan samya dhudhuk-dhudhuk sira | glising carita nulya ge | talaga dadi sampun | apan sampun dipun wastani | talaga winastanan | ing talaga Patut | ênggèning apêpatutan | apan sakathahing kang para dipati | pinatut nèng talaga ||

92. ri sampuning mangkana anênggih | sakathahe kang para dipatya | saksana umantuk kabèh | Sultan Pajang ing wau | nulya pamit saha ngujungi | wus tinundhung mantuka | Ki Gêdhe Matarum | umiring ing Sultan Pajang | tan atêbah ngiring ing wurinirèki | tan kawarna ing marga ||

93. sampun prapta ing Pajang nagari | miwah Kyai Gêdhe ing Mataram | wus prapta wau lampahe | nagari ing Matarum | Sultan Pajang wau winarni | samana sinewaka | dening punggawagung | miwah

--- 4 : 74 ---

ingkang para putra | kabèh nangkil Sultan Pajang ngandikaris | tutur wirayat ika ||

94. hèh wong Pajang lah wruhanirèki | iya ing Mataram iku benjingbenjang. | amutêr jaman sakèhe | ing nusa Jawa besuk | dadya sakwèhing para mantri | miwah kang para putra | kagyat mirsa tutur | kang wirayat Sunan Ngarga | ingkang putra Sultan Mas Banawa nênggih | matur dhatêng kang rama ||

95. kawula nuhun duka narpati | manawi èstu benjing patiba | Sunan Giri wirayate | upami ing Matarum | sinaengga wongwa sapêlik | yèn tan agya siniram | pasthi têmahipun | tan wande angômbra-ômbra | yèn sawawi kawula kang anindaki | anggêcêk ing Mataram ||

96. para punggawa Pajang ngrêmbagi | saurpêksi saaturing putra | Sultan Pajang andikane | Ki Banawa nak ingsun | iya bênêr têka sirèki | pira gênge Mataram | winatara iku | ginêcêk rampung sadina | ananging ta yèn wus pinarêng ing Widhi | paran gon ngowahana ||

97. lamun wis takdire iku pasthi | lawan ta ingsun ajrih nêraka | Sunan Giri wêwalêre | sapa kang wiwit iku | yakti nora anêmu bêcik | ya ta Pangran Banawa | mênggah manahipun | kadi srênggala cinancang | manahira sakathahing para mantri | sigêgên Sultan Pajang ||

98. kawarnaa Ki Agêng Matawis | sineba nganak putu sadaya | pêpêk kang para putrane | miwah Kiyai Juru | Amartani anèng ing ngarsi | lan kula kawaraga | Kyai Gêng Matarum |

--- 4 : 75 ---

ing wau sira ngandika | wacanarum maring para putra sami | mangkana wawêlingnya ||

99. iya benjing ing sapungkur mami | wawêkas ingsun marang ing sira | anak putuningsun kabèh | lamun nyata ing besuk | wirayate Susunan Giri | ing têmbe ing Mataram | pan cinêtha besuk | amêngku ing tanah JawiJawa. | wêkas ingsun nganggea sira ing benjing | manah brôngta lêgawa ||

30. Ki Agêng Mataram tilar donya. Radèn Ngabèi Loringpasar gumantos, kaparingan nama Senapati Ngalaga

33. Asmaradana

1. lawan malih wêkas mami | lamun benjang kalakona | Sunan Giri wirayate | yèn lunga anglurug sira | maring nagri bang wetan | anuta alakuningsun | lawan Sultan ing Prawata ||

2. anuju Jumangat Paing | kala ing sasi Mukharam | iku wêwurinên têmbe | lamun nagara Mataram | linurugan wong wetan | ing benjing wêwêkas ingsun | yèn sira mêtoni yuda ||

3. aja sira angliwati | ing gunung Kêndhêng ta sira | sayakti apês yudane | lawan malih wêkas ingwang | yèn sira kalampahan | iya nagara Matarum | amêngku ing nusa Jawa ||

4. yèn sira karya bupati | aja liyan wong Mataram | ing besuk kang sira gawe | pan wong kawan atus ika | rowang guna nastapa | lan malih wong kawan atus | yèn duwe dosa mring sira ||

5. apadene dosa pati | kaki sira apuraa | wong punika sadosane |

--- 4 : 76 ---

yèn sira tan ngapuraa | sadosane wong ika | anging silih gêtihipun | aja tiba ing Mataram ||

6. akathah lamun winarni | wawêkase ingkang rama | ya ta wau winiraos | padhêkahan ing Mataram | apan sampun agêmah | karta bandaripun agung | mirah sandhang lawan pangan ||

7. akathah têtiyang prapti | karasan wisma Mataram | dene tan ana winaon | nagari gêmah aripah | tan kakurangan sawah | miwah pacangkraman agung | ing toya lan ing dharatan ||

8. samana nagri Matawis | lagi cacah tiyang dhomas | kalangkung dening muktine | Kyai Agêng ing Mataram | miwah kang kulawarga | sami eca manahipun | wus alama kawarnaa ||

9. Kyai Agêng ing Matawis | gêrah sangêt cinarita | pinasthi puput jênênge | pêpêk ingkang para putra | anungkuli kang rama | tanapi Kiyai Juru | kyai agêng angandika ||

10. mring Ki Juru Amartani | ki ipe para kantuna | dèn bisa dika amongmong | maring anak pakênira | ing sawuri manira | lawan yayi malihipun | kang gêntènana manira ||

11. putranira ki ngabèi | kang duwea ing Mataram | gih punika prayogane | sasampunira mamêkas | ki agêng nulya mapan | kang tangis apan gumuruh | samana wus siniraman ||

12. ya ta pinapan tumuli | nulya sira ing astana | kilèn masigit prênahe | ya ta wau sinangkalan | tata mantri wisaya |

--- 4 : 77 ---

ning janma sangkalanipunSengkalan: tata mantri winisaning janma (1535 A.J.). | kulawarga kwèh karuna ||

13. sadaya sami prihatin | para putra kulawarga | ing wau sapatilare | Kyai Agêng ing Mataram | pêpêk kang para putra | angandika Kyai Juru | dhatêng kang putra sadaya ||

14. sakathahe putra mami | payo padha ingsun gawa | aseba maring ing Paos | atur uninga ing sultan | yèn ramanira tilar | kaya priye karsanipun | sapa kang ginêntosana ||

15. kang putra sami umiring | ing wau sarêmbagira | ingkang para putra kabèh | satilare ingkang rama | ingkang sinêmbah-sêmbah | sujut dhatêng Kyai Juru | minôngka gêntining rama ||

16. ya ta kawarnaa enjing | apan ta sampun adandan | lan kang kulawarga kabèh | aseba dhatêng ing Pajang | ya ta anuli babar | apan ta Kiyai Juru | ingkang angirid ing lampah ||

17. datan kawarna ing margi | wus prapta nagari Pajang | mangkana kang winiraos | sira Kangjêng Sultan Pajang | enjing miyos sineba | pêpêk sakwèh punggawagung | miwah ingkang para putra ||

18. Kyai Juru Amartani | lawan kang putra lêlima | prasamya binakta pepe | sandhaping waringin kêmbar | Sultan Pajang tumingal | sasoring waringin kurung | ana wong pepe akathah ||

19. Sultan Pajang ngandikaris | bocah sira pariksaa | sapa ta ingkang apepe | têtiyang gandhèk agêpah | dènira amariksa | tiningalan yèn Ki Juru | apepe lawan kang putra ||

20. tiyang gandhèk mangkya

--- 4 : 78 ---

angling | inggih Ki Juru punapa | ingkang dipun pèpèkake | Kyai Juru wuwusira | dika matur ing sultan | atur uninga pun Juru | yèn ki patinggi Mataram ||

21. ing mangke yèn sampun lalis | atilar putra sagangsal | inggih punika warnine | punapa ta ingkang karsa | ingkang ginêntosana | tiyang gandhèk gya umangsul | sapraptanira ngajêngan ||

22. tiyang gandhèk awotsari | sampun kawula pariksa | inggih punika kang pepe | pun Jêbèng Juru Mataram | mèpèkakên kang putra | atur uninga sang prabu | yèn pun patinggi Mataram ||

23. ing mangke yèn sampun lalis | atilar putra sagangsal | sultan angungun driyane | dene tan ora kayaa | pawong sanak manira | dhuh Ki Jêbèng ing Matarum | lah iya singa dhingina ||

24. lah timbalana dèn aglis | Ki Juru mring ngarsaningwang | lan kaponakane kabèh | têtiyang gandhèk agêpah | ya ta kang ingandikan | Ki Juru lan putranipun | sampun dhatêng ing ngayunan ||

25. sami ganti atur bakti | dhumatêng ing Sultan Pajang | sampun atata linggihe | munggwèng ing ngarsa mangrêpa | Sultan Pajang ngandika | prayogane putraningsun | kang tuwa anggêntènana ||

26. iya ki radèn ngabèi | kang mangkua ing Mataram | kang ingsun junjung linggihe | lan malih prayoginingwang | yoga sun lihkên aran | alah sira anak ingsun | iya sira jumênênga ||

27. Senapati Ngalagadi |

--- 4 : 79 ---

Sayidin Panatagama | lan malih wêwêkas ingong | Ki Jêbèng Juru Martanya | pakênira kang yogya | amomonga sutaningsun | Ki Senapati Ngalaga ||

28. nanging ta wawêkas mami | aywa ge seba maringwang | yèn durung ing sataune | lah têka sira tulusa | mukti awibawaa | anèng nagara sirèku | ing Mataram gêmahêna ||

29. yyan kita uwus sawarsi | agya kita asebaa | mring Pajang aywa talangke | Senapatya ngastuti gya | ngusap lêbu suku sang | ring sultan myang Kyai Juru | wus amit saha pra putra ||

30. jêngkar dènira tinangkil | sultan umantuk ing pura | mangkana kang winiraos | Senapati ing Ngalaga | saha kulawangsanya | myang kang paman Kyai Juru | mantuk dhatêng ring Mataram ||

Lajêng nyandhak jilid: 5.

--- 4 : [0] ---

Isinipun

24. Ki Agêng Sela nyêpêng blêdhèg. (Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 3

25. Sunan Prawata tuwin Pangeran Kalinyamat dipun cidra ing Arya Jipang. (Dhandhanggula). ... kaca 10

26. Adipati Pajang sowan Sunan Kudus. (Dhandhanggula, Mijil, Pangkur). ... kaca 14

27. Arya Jipang pêjah awit saking tarekahipun Ki Pamanahan tuwin Ki Panjawi. (Pangkur, Durma, Asmaradana). ... kaca 31

28. Ki Pamanahan bêbadra wontên ing Mataram. (Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 52

29. Adipati Pajang jumênêng dados Sultan. (Dhandhanggula). ... kaca 70

30. Ki Agêng Mataram tilar donya. Radèn Ngabèi Loring Pasar gumantos, kaparingan nama Senapati Ngalaga. (Dhandhanggula, Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 75