Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Babad Tanah Jawi

Jilid: 5

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 5 : [1] ---

Serie No. 1289d

Babad Tanah Jawi

Jilid: 5

Panêmbahan Senapati tata-tata ngayati sêdyanipun murih sagêdipun mêngkoni tanah Jawi

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1939

--- 5 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 5 : [3] ---

Ki Agêng Mataram tilar donya. Radèn Ngabèi Loring Pasar gumantos, kaparingan nama Senapati Ngalaga.

31. sapraptanirèng Matawis | ri sampunira alama | wong cili suka manahe | apan wus dadya nagara | padhusunan Mataram | tulus kang sarwa tinandur | murah kang sarwa tinumbas ||

32. ri kang wwang saya kèh prapti | tumanak wismèng Mataram | dene tan ana winaon | pasir awukir ajêmbar | siti wêdhi arata | ri kang kalangwan tulyagung | ing wana ring we akathah ||

33. praja ketang loh jinawi | ri kang we wêning tumumpang | dahat mumpuni kamuktèn | Senapati ring Ngalaga | pan dèrèng sebèng Pajang | dènnya wus têkèng sataun | kinèn tumamèng ring Pajang ||

34. ri mangkya uwus sawarsi | lah agya sira sebaa | aywa lwirwa ngubayane | ring ramanya Sultan Pajang | lah kita asebaa | ring Pajang mangkya amuwus | Senapati ring kang paman ||

35. lingira anamayani | yèn wontên dutane sultan | benjang yèn prapta marene | lah ulun seba mring Pajang | Ki Juru aris mojar | tan mangkana sutèng ulun | kita apan angawula ||

36. kadya pa kita anganti | prapta dutanira sultan | pan wus ana parentahe | ewuh ri kang kadya ingwang | rèh kinwan amwang-mwanga | kojat yan tan apitutur | wong tuwa kalok ing ala ||

37. ewuh têmên ulun iki | rèh ulun kinèn momonga |

--- 5 : 4 ---

ri kang kita yakti lamon | kadya pa kita angatag | wong Mataram anyithak | lan malih kita angutus | karya bata putih abang ||

38. tan wandya kawartèng benjing | ring ramanira jêng sultan | pan wong Pajang ika akèh | kang dagang prajèng Mataram | dyan malih kawarnaa | Senapati ingkang sunu | apan kathahe sêsanga ||

39. kacatur maksih samyalit | suta panuwa Dyan Rôngga | apan atimur wayahe | ayuswa sadasa warsa | dibya ring kaprakosan | bèr kawanèn saha têguh | andakaning guladrawa ||

34. Dhandhanggula

1. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | siniwi ing wadya kabèh | adipati tumênggung | pêcatôndha lan ondhamoi | Arya Rôngga lan Dêmang | Pandêlêgan iku | angabèi lawan ika | Waduaji tumungkul konjêm nèng siti | padha ngrêpa manêmbah ||

2. Sultan Pajang unggwan ing sitigilsitinggil. | pan pinarak anèng sokasana | kancana ana manike | saha lêlamak babut | pan maliho isinya sari | cahyanira lwir surya | lwir wulan awêlu | sêdhênge lagi purnama | wadya anom akucêm amrêm ing ati | dening sultan lir surya ||

3. Sultan Pajang sigra dènnya angling | maring bala kang munggwèng ing ngarsa | sira miyarsa wartane | Senapati puniku | sutaningsun anèng Matawis | dening lami tan seba | mapan wus sataun | samayanya uwus liwat | iku nênggih malinglang anèng ing langit | wulan wêlu purnama ||

--- 5 : 5 ---

4. ing samanya samayanya prapti | sang hyang surya mèh sumurup ika | tunjung kudhup mêkar kabèh | dening wus jangjinipun | apan ora kêna gumingsir | apa karane ika | suta ngong tan rawuh | Senapati ing Ngalaga | sajangjine kalayan ingsun ing nguni | dadya madayèng ujar ||

5. Sultan Pajang ratu dibya sêkti | manahira lir angsa anglangyang | muluk salab kahanane | janma akam puniku | kapwa kagyat sajroning ati | dening miyarsa ujar- | ira sang pukulun | wadya matur sadayanya | hèh sang nata kawula midhangêt warti | Risang Sutawijaya ||

6. kunêng ingkang tan seba ing benjing | arsa balik malah arsa nyithak | akarya kitha arahe | binacingah puniku | Sultan Pajang sigra dènnyangling | Ngabèi Wilamarta | Ki Wuragil iku | sira maringa Mataram | dèn waspada ing sapratingkahe anging | ing Sang Sutawijaya ||

7. dutanira kalih angastuti | angusapi lêbu ing suku sang | duta mêsat sira age | anitih kuda sampun | ing Mataram Ki Senapati | sunya anèng Lipura | duta kalih nusul | ing Lipura sigra dhatêng | Senapati kapanggih sira alinggih | ing kuda acêcalang ||

8. Kyai Gêdhe Wuragil mangkyangling | hèh Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking jaran age | nimbalakên ing wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra dènnya muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika karsa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga ||

--- 5 : 6 ---

9. maksih amanggung anitih wajik | jêngandika dutanira sultan | nistha ing mantri tandange | dening mudhun karuhun | saking kuda kang dèn timbali | maksih anunggang jaran | jêngandika iku | tan prabeda lawan sultan | kang akèngkèn sarupa lan duta singgih | dèn sampun rasa tunggal ||

10. Kyai Gêdhe Wuragil mangkyangling | hèh Ngabèi Wilamarta sira | nêdha mudhun jaran age | nimbalakên pamuwus | Sultan Pajang mring Senapati | yèn wruha kang timbalan | ramaji pan mudhun | Senapati ing Mataram | duta kalih kapwa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga ||

11. maksih anunggang anitih wajik | Angabèi Wilamarta mojar | lah Ki Gêdhe Wuragile | tan linyok ujar ingsun | Senapati Ngalaga iki | pan sampun wruh punika | yèn duta sang prabu | tan anarka yèn mudhuna | saking jaran pakênira lawan mami | tanduk mantri kang nistha ||

12. Senapati ing Ngalaga angling | hèh ngabèi lawan Wilamarta | ragane kita kinèngkèn | duta kalih umatur | dahat ulun duta ramaji | angêmban pangandika | nira sang pukulun | mangan nginum marènana | asebaa marang Pajang dipun aglis | myang kita akurisa ||

13. duta kalih sinauran angling | Senapati maksih nitih kuda | matura mring sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap sutanira | lawan rabinipun | mangan nginum sun ingatag | mêmarèni [mêmarè...]

--- 5 : 7 ---

[...ni] apan kêna ingsun maksih | doyan nginum amangan ||

14. ulun kinèn akurisa iki | dening sultan kaya apa rema | tuwuh lan karêpe dhewe | pagene ya cinukur | salah sêdya ulun puniki | têka para matura | marang sang pukulun | yèn mangkono ujar ingwang | duta kalih Wilamarta Ki Wuragil | amit mulih mring Pajang ||

15. agya lampahe anuli prapti | pan tumamèng marang abyantara | cundhuk mangsah prabu age | nêmbah angusap lêbu | ring suku sang nulya alinggih | tumungkul mahangrêpa | ling duta sang prabu | hèh Sultan Sutawijaya | aubanggi ing uni kinèn rumiyin | lumampah anèng wuntat ||

16. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | ri sêdhêng anèng purane | lawan Kiyai Juru | Amartani sigra dènnyangling | Senapati Ngalaga | kadyapa puniku | rèh andika pakênira | nora mangkat ingandikan ing ramaji | tan wande mêmungsuhan ||

17. ulun angaturi punang singgih | kadi pundi kita mêmungsuhan | sapa kang dinamêl topèng | Mantri Mataram takut | yèn adunên lawan ramaji | Sultan Pajang kawasa | dibya sêkti dangu | têlik wetan ingkang dhustha | pan tumama ing abyantara narpati | kapanduk sarèng nendra ||

18. sinudukan dening punang têlik | Sultan Pajang eca dènnya nendra | lir lalêr mencok krasane | kampuhipun tan têrus | para graha kagyat samyanjrit | sultan pinarêbutan | kagyat sira wungu | ningali [ni...]

--- 5 : 8 ---

[...ngali] kang para graha | padha nangis gumurunggung anèng sikil | anarka yèn kabranan ||

19. kadar pira dêdamêl Matawis | amung dhomas wongirèng Mataram | apan ta dudu timbange | yèn mungsuha sang prabu | yakti kalah wadya Matawis | Senapati Ngalaga | dudu timbangipun | timbangên lan para putra | balanipun lan balanira Matawis | jawèkna wadya Pajang ||

20. rajaputra dunungira inggih | ajêjuluk Pangeran Banawa | apan salêksa balane | lwir na kang para mantu | adipati ing Dêmak nênggih | sangang èwu kang bala | ana lèn kang mantu | anênggih Dipati Tuban | abêbala wong wolung èwu anênggih | mantu putu ana lyan ||

21. adipati ing Bantên kêkasih | wadyanira kawan èwu ngetang | wong Mataram dhomas kèhe | wêsi karyanên balung | lan têmbaga karyanên kulit | nadyan otota kawat | gêgala kang sungsum | tan wande rêmak kang dhomas | ginarumung dening wadya Pajang nênggih | pan kalah ingkang dhomas ||

22. lwir antiga sela ingkang ngapit | wong Mataram upama antiga | wadya Pajang lwir selane | yakti rêmak antêlu | pan karyanên ing saupami | duryan wadya ing Pajang | wong Mataram timun | sayêkti môngsa mênanga | ingkang timun yan duryan ingkang nindhihi | yakti duryan kang mênang ||

23. anglir sasi wadya ing Matawis | lwirning surya wadyabala Pajang | yan ing raina wijile | sasi kucêm dinulu | merang maring ujwalèng sasi | dening ujwalèng surya |

--- 5 : 9 ---

apadhang dinulu | lwir agni wadya Mataram | wadya Pajang lwir udan saking ing langit | agni sayêkti pêjah ||

24. kadipundi hèh Ki Senapati | yogyanira mungsuh Sultan Pajang | lwir uga kita ing dhewe | ngandêlakên yèn têguh | rosanira dibya myang sêkti | têpung puputa kita | myang akantar bahu | lan ramanira jêng sultan | ulun iki akucêm merang ningali | muka mantri ing Pajang ||

25. mandahane ucapipun ugi | nagara lyan tuwin ratu sabrang | kang asêngit mèsêm kabèh | dening mungsuh sakêthu | yêkti narka liyan nagari | Senapati Ngalaga | ènthèng yèn minungsuh | katuju wania aprang | mungsuh yayah rasa tan ana madhani | dening suta myang bapa ||

26. pangrasane atiningsun iki | lamun kita amungsuha liya | sapuluh Pajang gêdhene | apan wani ing ulun | nadyan jagat sabrang myang Jawi | apan barênga mara | tan gumingsir ulun | suka pêjah anèng rana | wus pantêse kinêmbulan ing ajurit | ingudanan warastra ||

27. pakênira hèh Ki Senapati | aprang mungsuha ing Sultan Pajang | tri prakara kainane | dhihin amungsuh guru | kaping kalih amungsuh gusti | kaping tri wong atuwa | ingkang kita mungsuh | iya dudu kang ayoga | anging sasat bapa dene kala cili | kinêmpit pinèt anak ||

28. lwirning kaya guru rama aji | apan kita winuruk ngagama | duk sarêng akil balège | tatas ing raosipun | nulya kita winuruk [wi...]

--- 5 : 10 ---

[...nuruk] malih | karosan kadigdayan | para dibya luhung | kita lumêbèng sagara | datan têlês lir ngambah dharatan siti | kita bong tan gêsênga ||

29. lan masalah ngèlmi dadi mantri | myang dipatya miwah dadi raja | têlas winurukkên kabèh | wutah sajroning kalbu | maring kita ramaniraji | purwane kita dibya | sêkti ambêg sadu | lah apa wêwalêsira | maring sultan pan sira sampun asinggih | mangkurat bala dhomas ||

30. Senapati ing Ngalaga nangis | jroning nala miyarsa kang paman | ing sawirayate kabèh | apan Kiyai Juru | Amartani wutah dènnyangling | Senapati Ngalaga | mangrêpa tumungkul | karasa yèn kalêrêsan | dyan sumilih Senapati ing Matawis | agya sira dyan mojar ||

31. Kyai Paman Juru Amartani | kadipundi ing rèh pakênira | kang pundi manira angge | rèh manira tan purun | asebaa Pajang nagari | wilujênga ing lampah | aywa antuk rêngu | gèn manirarsa têtêpa | nèng Mataram tumuruna suta mami | myang putu buyut canggah ||

32. Kyai Juru Amartani angling | hèh Ki Senapati ing Ngalaga | lampah kang yogya ingangge | wruha kita ing guru | dèn kawayang ing lair batin | apan Jêng Sultan Pajang | tatansèngsuntatasèngsun. wuruk | iku sayêktine wayah | lah pintanên yèn sultan tumêkèng lalis | kita gumantya sultan ||

33. yèn wus mangkana kita dèn yêkti | panêdhanira marang Hyang Suksma | aywa kita salah dalèh | apan iku

--- 5 : 11 ---

saèstu | asung mulya ing awal akir | sumiliha ing Pajang | pan jênêngirèku | pintanên marang Hyang Suksma | apan kita ingangkah suta sayêkti | ing ramanira sultan ||

34. kaping kalih mintaa ing aji | ramanira walêsên kewala | ati-atinên tatane | ana minta ing kawruh | sinalira mapan kaèksi | dening sri naranata | lah êndi pukulun | nanging nalika punika | laku linggih solah muna lawan muni | minôngka panêngêran ||

35. lamun kita aseba aisin | maring Pajang nadyan tan sebaa | yèn prapta sultan dutane | aywa tuna ing têmbung | amangsuli wacana manis | pasungsung aywa pêgat | ing saisinipun | prajanira ing Mataram | aywa kita rumaos kantunan budi | nirêp dukane sultan ||

36. apan nyata hèh Ki Senapati | kita ingangkah atmaja tuwa | sultan gêdhe piandêle | iku kita dèn têguh | lamun sultan tumêkèng lalis | ing panjênênganira | de mangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | anggêntosi ing panjênêngan ramaji | tan lyanna saking kita ||

37. nadyan kathah putrane sang aji | nora na lyan kita kang atuwa | kinêmpit alit mulane | kang dadi manahipun | nanging kita putra sang aji | kang dadi pangauban | sakèhe kang sunu | sultan cahyane nur ing rat | wus angalih maring kita wus pinasthi | anggêntosi ing sultan ||

38. hèh Ki Senapati yèn wus olih | kita ujar ingkang tri prakara | kang dhingin wong

--- 5 : 12 ---

atuwane | pindho sabdaning guru | kaping tiga dikaning gusti | mapan dadi satunggal | yakti nora wurung | gènira jumênêng nata | nganti sangat pêlêkkên marang Hyang Widi | kita asru brôngtaa ||

39. ri sampunira winêling-wêling | Senapati dhatêng ingkang paman | Juru Martani wastane | pan sampun amit mantuk | Senapati kantun alinggih | tansah kaciptèng nala | ing pituturipun | kang tinanjihakên nala | nora gingsir karsanira Senapati | nuntên kalampahana ||

31. Senapati miluta manahipun para mantri pamajêgan ingkang badhe asok bulu bêkti dhatêng Pajang

40. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati Nglaga | nèng Mataram kadhatone | anggung mangan anginum | ing raina anutug ratri | lan mantri pamajêgan | kèhe wolung èwu | sami liwat ing Mataram | sêdya seba anrahakên ulubulu. bêkti | dhatêng ing Sultan Pajang ||

41. Senapati ing Ngalaga angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha mandhêga ing kene | payo mangan anginum | sabên dina ulun puniki | ya nyêkêli manjangan | ngong karya anginum | tanapi banthèng maesa | sabên dina anyêkêl kidang lan kancil | tômbra ulam paraga ||

42. ginulawênthah sakèhing mantri | ingkang pantês binasanan paman | pinaman-paman basane | ingkang pantês sinunu | binasanan suta sakapti | kang pantês binasanan |

--- 5 : 13 ---

kakang basanipun | kang pantês binasan uwa | mapan binasanan ing uwa kang krami | ingkang pantês binasan ||

43. adhi iya binasanan yayi | datan ana kang bineda-beda | samya rinakêtan kabèh | samya ingajak nginum | samya sênggak suka anglarih | wênèh ingkang anêmbang | kakawin angidung | akêplok sirèng badhaya | Senapati Ngalaga sukaning ngênting | lan mantri pamajêgan ||

44. para grahanira Senapati | samya kinèn wau ambadhaya | age samya dhatêng kabèh | ajamang mas kêkalung | gêlang kana êmêr pamêkik | kilat bahu kancana | asêngkang mas luru | apanunggul intên mulya | ujwalanya anorakên ing hyang rawi | surêm maring ujwala ||

45. ambayak anôngga talam manik | mèsi punang sêkar jajêbadan | kêkonyoh amrik gandane | nulya lungguh ing pangkun | saha mojar mring para mantri | pamajêgan sadaya | mêmatutèng tuhu | anglasahi marang sira | amborèhi sêkare gajah angoling | katrapa anèng karna ||

46. mantri pamajêgan mangrêpajrih | aningali marang grahanira | dening rumakêt basane | pêlungguhe abukuh | samya ngrêpa konjêm ing siti | mukanira punika | ambêg manah sadu | wadya wis ambapa biyang | panarkane mring Senapati Matawis | tuhu taman kumêdhap ||

47. Senapati ing Ngalaga angling | hèh samitra ulun kabèh sira | aja taha-taha kabèh | apan sajroning nginum | pan sumôngga

--- 5 : 14 ---

ulun ing rabi | ing sajawining rahsa | wayahe wong nginum | nadyan tumêka ing prana | yèn sira yun kawinên maring ing masjid | kalal ulun pan suka ||

48. mantri pamajêgan pinisalin | pan sadaya sami abusana | kalawan sapêpantêse | balongsong punang kampuh | pan kuluknya sami barêji | sabuk cangap rinêngga | sarta lawan dhuwung | sami kandêlan kancana | abra murub panganggene para mantri | kang kinulawisudha ||

49. acalana cindhe tanu èsthi | pinarêmas ing parada papan | gêbyar-gêbyar lwir thathite | yèn winingkis kang kampuh | pan kasilir maruta silir | kadya ta kinêpêtan | sumrah raganipun | karaos ing kanikmatan | salamine dèrèng suka kadi mangkin | duk anèng Pamajêgan ||

50. mantri pamajêgan anganjali | padha ngrêpa tumungkul sadaya | abukuh ing palungguhe | dening dibya atakut | rêtna wadu widigdèng lungit | ya môngka dananira | arêmên dinulu | tate kinudang ing prana | pan kawratan sura lêgawa ing krami | aglar tanpa singsingan ||

51. Senapati ing Ngalaga ênting | suka mulat mantri pamajêgan | pan sampun pranata kabèh | kapwa jêjêl supênuh | wus anarka yèn ngêndhih jurit | sirnane Sultan Pajang | mapan kapwa tuhu | ramping ing ramping ing tanggap | kêdhèp sasmita satata dèn ulati | kang sinêmbah ngalaga ||

52. Senapati ing Ngalaga tartip | aningali mantri pamajêgan | mapan sampun pêpak [pê...]

--- 5 : 15 ---

[...pak] kabèh | pan wus pêpêk supênuh | Senapati micarèng ati | mangko ta olèh rewang | saking sih Hyang Agung | prapta ing sariraningwang | sinung bagya dinulur marang ing Widi | sinung rowang dening Hyang ||

53. lamun ingsun angêndhiha jurit | amungsuh prang lawan Sultan Pajang | ingsun êpriha sirnane | kaya kêna sun adu | sakathahe kang para mantri | ingsun pan wus pracaya | sun tingali suyud | mantri Pagêlèn sadaya | samya bêkti mung Bocor durung sayêkti | manahe kaya-kaya ||

54. sun watara atiningong iki | nora suka dening bojakrama | yèn durung tutug budine | angayoni maringsun | iya nanging sun angecani | bênêr têka si besan | sisip têkèng ingsun | upamane awak ingwang | kaya cebol nèng jurang anggayuh langit | pasthine dipun ina ||

55. ênêngêna kang arsa ngayoni | lamun ingsun durung munjulana | digdaya lawan wong akèh | môngsa dadia ratu | pan mangkono ciptaning ati | nanging botên kawêdal | ngandika ing kalbu | pan maksih angeca-eca | anuwuki karsane kang para mantri | pamajêgan sadaya ||

56. mantri baksa pan kagiri-giri | anggungakên baksa gora godha | ngatingalakên sêktine | sela nulya jinunjung | bobotipun êmas sadhacin | mantrinira arosa | dipun buwang muluk | sela anulya sinangga | bobotipun lir kapuk salêmbar sami | ngabêrakên ing

--- 5 : 16 ---

wiyat ||

57. galaganjur binaksanan kêris | myang landheyan miwah baksa panah | kang abêksa pêdhang tamèng | ingumbulakên mamprung | ingkang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan dhadha | kang sawênèh pupu | wênèh tinadhahan êndhas | kang sawênèh matane cinublês kêris | pupu têguh tinatah ||

58. Mantri Mataram lir banthèng kanin | kadya macan basah-binasahan | landheyan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilapat tuhu | cihnane kayun lan baka | tumbak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatining janma ||

59. samya matur sakathahing mantri | pan kawula adunên apêrang | pasihan dalêm wus akèh | mapan kawula purun | amêngsaha sri narapati | yèn tuwan ngajanana | pan kawula purun | nadyan tangkêpa salêksa | gêgamane wong Pajang amba tan gingsir | pan katuwukkên dana ||

60. apan wutahe ludira mami | lan tigase ing murda kawula | kasaurakên ing sihe | muga dadia ratu | tan kawawa amba nuwun sih | kawula tur prasêtya | anjalma ping pitu | kawula tuwan abdèkna | ing satêrah-têrah kawula ing benjing | ngabdia têdhak tuwan ||

61. sêtya kawula ing wisma dhingin | ajêng sowan dhatêng Sultan Pajang | ngasrahkên bulubêktine | tuwan mêgati ngênu | kinon mandhêg kang para mantri | ingajak akasukan | ing mangke pukulun | mangke kawula tan nêdya | yèn kajênga mring Pajang tur bulupêktibulubêkti (dan di tempat lain). [bu...]

--- 5 : 17 ---

[...lupêkti] pan sampeyan narendra ||

62. sakathahe bulupêkti mami | kaatura sampeyan sadaya | datan wontên sandheyane | Mataram Ratu Agung | pan nagara ing têpis iring | samya ngidhêp sadaya | dhatêng sang aprabu | adipati kang tumitah | saliring wong desa Pamajêgan adi | tuwan ingkang nataa ||

63. yèn sampeyan lumampaha jurit | yèn kawula damêlên pêpêjah | pan kawula walêsake | datan sagêda mangsul | sih paduka yèn manggih kardi | pêjaha wontên ngarsa- | nira sang aulun | kawula datan kumêdhap | datan liyan ingkang kawula tingali | Panêmbahan Ngalaga ||

64. angandika alon Senapati | ing sakèhe mantri pamajêgan | sun tarima prasêtyane | pan dudu kaya iku | karsaningsun maring ramaji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan | pan manira mapan ingkang anyaguhi | andêlêna ing prana ||

65. mapan ingsun purun anaguhi | ing dukane kangjêng rama sultan | sun lakoni sapakone | karsanira sang prabu | pan sadaya wus anèng mami | pan ingsun anjênêngna | Rôngga lan tumênggung | ngabèi arya myang dêmang | pêcatôndha kandhuruwan ôndhamoi | ingsun sinung kawasa ||

66. sakathahe ingkang para mantri | ingkang arsa jumênênga arya | sun jênêngakên sun gawe | miwah kang dèrèng lungguh | ingkang pantês walulang benjing | sun kang awèh walulang | kang pantês lêlungguh | lêluh [lê...]

--- 5 : 18 ---

[...luh] patinggi ika |Kurang satu suku kata: lêlungguh patinggi ika. ingkang arsa alungguh lampit sun lampit | apan ingsun winênang ||

67. aluwaran mangkya Senapati | sampun mantuk dhatêng dhatulaya | kang aseba bubar kabèh | Kyai Bocor winuwus | ingkang tansah tinanting-tanting | karsane Panêmbahan | ingkang durung rujuk | mapan arsa ngayonana | ing bobote Senapati ing Matawis | tansah ingarah-arah ||

68. Kyai Bocor amicarèng ati | kaya ngapa sakèh sanak ingwang | mangkene papolahane | têka padha kilayu | kaya rare idhêpe sami | nora matara lampah | dènira panjunjung | Senapati ing Ngalaga | dèn timbanga wong Mataram wonge kêdhik | amungsuh wadya Pajang ||

69. lamun ingsun wurung angayoni | ing bobote Senapati Nglaga | yèn panggah pan ingsun dhèrèk | dening apêksa luhung | datan wêruh sariranèki | baya kulit têmbaga | bêbalung parunggu | manawa sira tan pasah | ingsun suduk ing kêris ingsun pramati | gêlêm sun angawula ||

70. sampun surup sang pratônggapati | Kyai Bocor mangke karsanira | anutugakên budine | mapan arsa malêbu | anyidraa ing Senapati | dhuwungira tinatap | wus amblas kinayun | pun Kêbodhêngên wastanya | nulya mangkat sampun malêbêt ing puri | sapraptanirèng pura ||

71. sakathahe kang atunggu kori | wus winangsit dening Panêmbahan | apia tan wruh

--- 5 : 19 ---

lêbune | Ki Bocor wus malêbu | Panêmbahan sampun kapanggih | sêdhêngira adhahar | ngungkurakên pintu | Ki Bocor nulya narajang | dipun suduk Panêmbahan tan anolih | Ki Bocor kasayahan ||

72. rêmuk rêmpu pucuking kang kêris | siti kêna pan pating dharungkar | Bocor sidhêku tibane | lupa sarira lêsu | Kyai Bocor sigra ngabêkti | mangrêpa ing suku sang | kawula anuwun | gusti nêdha pangapura | Panêmbahan kagyat nolih mèsêm angling | kakang wontên punapa ||

73. Kyai Bocor sumungkêm ing siti | mukanira konjêm ing pratala | angasih-asih ature | kawula nuwun bêndu | kamipurun kawula gusti | angayoni sampeyan | ing mangke pukulun | punapa karsa paduka | pan kawula angaturkên pati urip | sakarsa tan lênggana ||

74. angandika Kyai Senapati | punapa kakang dika wicara | pitayaningsun agêdhe | Ki Bocor sigra mundur | Senapati lunga tumuli | ingiring wong lêlima | Lipura jinujug | wontên watu kumalasa | warnanira tuhu kalamun prayogi | Senapati nèng sela ||

75. Senapati lir anunggang èsthi | warnanira sela kadi gajah | pandhan rangkang ngiringake | lwir palana dinulu | sulurira ingkang aputih | katustarèng banyunya | Senapati sampun | asare anèng gêgilang | pan ing nginggil gêgilang langkung ing margil | tan ana prakathanya ||

--- 5 : 20 ---

32. Senapati Kadhawahan Lintang Sarta Kapanggih Kalihan Nyai Rara Kidul

76. kawarnaa Ki Juru Martani | anèng wisma tan eca anendra | wus têngah dalu wayahe | ingkang putra kagugu | nulya kesah malêbèng puri | kandhêg jawining lawang | Ki Juru amuwus | hèh sikêp kang tunggu lawang | sutaningsun pinaran ana ing puri | matura ingsun seba ||

77. Lurah Regol ature alirih | hèh Kiyai Juru putra tuwan | amba wikana parane | sêsampunipun wau | mangan nginum lan para mantri | pamajêgan sadaya | ing sabubaripun | kangjêng gusti nuntên kesah | sarêng surup pratôngga gumantya wêngi | wulan sêdhêng purnama ||

78. Kyai Juru widigdèng ing wadi | wus uninga ciptane kang putra | anulya sinusul age | wayahe lingsir dalu | lampahira lir kilat thathit | sakêdhap nulya prapta | Nglipura jinujug | wus panggih lawan kang putra | Senapati sakeca dènira guling | anèng sela gêgilang ||

79. Kyai Juru Amartani angling | awungua kae Senapatya | ujare arêp agêdhe | têka eca aturu | tan antara lintang kang prapti | warnanya kadi dilah | ing baskara satus | upama gênge kang lintang | sakarambil têka tabone winarni | gumawang nginggil nendra ||

80. Kyai Juru sigra dènnya angling | sarya anggugah dhatêng kang putra | awungua dipun age | punapa anèng luhur- | rira turu mancur lwir sasi | Senapati Ngalaga | kagyat nulya wungu | tumingal sarya ngandika | apa sira [si...]

--- 5 : 21 ---

[...ra] mancorong ing luhur mami | satuwuk dèrèng mulat ||

81. punang lintang sigra dènnya angling | wruhanira ingsun iki lintang | awêwarah ing dhèwèke | ênggènira manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning sang | amurwèng pandulu | ing mêngko wus tinarima | marènana kang dera pêlêng wus kêni | tinarima dening Hyang ||

82. mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | dibya sêkti pinunjul | para ratu ing tanah Jawi | miwah ing tanah sabrang | pra samya anungkul | tumêka ing sutanira | myang pêputu jumênêng Sultan Matawis | Jawa tanpa sisihan ||

83. saturunira jumênêng aji | ing Mataram suka myang wibawa | sugih rêtna kancanane | langkung keringanipun | amêkasi dadi nrêpati | nulya nagara rêngka | myang lintang kumukus | grahana surya lan wulan | gugur-gunung udan awu myang karikil | cihna nagara rêngka ||

84. aglis lintang murca mring wiyati | Senapati amicarèng nala | baya ta prapta ing mangke | pasthi sun madêg ratu | suta têka ing putu mami | buyut pan dadi nata | Ratu Jawa nungkul | ingsun pandam tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna ||

85. Kyai Juru Amartani angling | lah Ki Senapati ing Ngalaga | aja ngujubriya têmbe | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang durung jati | benjang têka ing têmah | sira manggih mungsuh | yèn anèng têngah payudan | pasthinipun wintang tan kêna tinagih |

--- 5 : 22 ---

ran gon amasthèkna ||Kurang satu suku kata: karan gon amasthèkna.

86. kadipundi goning ngandêl iki | ujar wintang pan dudu manusa | ewuh cinêkêl ilate | ora pasthi tinangguh | pae janma pasthi pinanggih | ujar dede lan iya | pasthi yèn katêmu | beda padha sami janma | rèhning swara jaijgaib. arane puniki | wênang dudu lan iya ||

87. têka besuk yèn praptèng ing jurit | datan wande ingsun lawan sira | tan wurung ngawaki dhewe | kalah mênanga besuk | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | pasthi jumênêng narendra | ing Mataram yèn sira kalah ajurit | pasthi yèn dadi tawan ||

88. Senapati garjita ing ati | amiyarsa tuture kang paman | Juru Martani wastane | Senapati amuwus | kadipundi rèh dika mangkin | kula darma lumampah | inggih ulun anut | ing saparipolah dika | wong kêkalih ing karsa dadosa siji | dika kalawan kula ||

89. Kyai Juru Amartani angling | yèn mangkono payo rêrêmbugan | ujare ana dalile | tinêdha ing Hyang Agung | gampangêna sêdya puniki | sakèhe kang tinêdha | kang angèl puniku | muga èsmu gampangêna | alah nêdha pêpatahan rêbut kardi | payo anuli mangkat ||

90. ingsun munggah ing gunung Marapi | pakanirapakênira. dhatênga samodra | lah têdhanên dipun age | nyatakêna dèn tuhu | ing pasthine karsaning Widi | lah nêdha sarêng mintar | sarênga atundhuk | Senapati kapêthukan | nulya

--- 5 : 23 ---

kesah ngetan bênêr sigra prapti | ambyur ing kali Umpak ||

91. langi bathang anurut ing kali | ana olor agêng tan upama | pun Tunggulwulung wastane | yèn janmaa amuwus | baya mêngko ingsun pêpanggih | kalawan gustiningwang | dhuh nyawa pukulun | anitiha gigir ingwang | inggih gusti kangjêng paduka rumiyin | lumampah karsa tuwan ||

92. olor ika purwaning kariyin | natkala Senapati cangkrama | anèng Sawangan purwane | kali Samas kinêbur | kinarakat jala lan cundhit | ancol lawan papêcak | ayab sèsèr susug | saliring ulam pan kêna | ana olor kapanggih dhasaring warih | gênge kagila-gila ||

93. pan kasatan mêsat datan kêni | wong Mataram samya rêrêbutan | anyikêp olor agêdhe | ginawa mêntas sampun | ngaturakên mring Senapati | rêna dènira mulat | olor dibya agung | sigra sira binusanan | ajamang mas kêkalung jimat awêning | kancana kang kinarya ||

94. olor dyan inguculakên malih | maring toya olor winastanan | pun Tunggulwulung wastane | matanira mawêlu | lir ujwala baskara sasi | lamun tinon ing toya | busanane murub | kadya parada kancana | saparane kang tumingal samya ajrih | olor ika narendra ||

95. Senapati wau duk angèli | apan kandhêg anèng ing Sawangan | lembak-lembak ing pinggire | olor sagara kidul | tri gumuruh kagiri-giri |

--- 5 : 24 ---

gurnita kadi gêlap | gêdhene sagunung | tan endah ing warnanira | sande ing tyas ana pati masukêti | tan ana pasingkaban ||

96. Senapati tarkanira wani | malêbua sajroning samodra | nyata ewuh ing nyanane | Senapati manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning sang | amurwèng pandulu | sigra kang prahara prapta | lesus mêsês bayu-bajra agêng prapti | akèh kayu rug sêmpal ||

97. sagaranya gumêtêr awêrdi | toya wêning lir kadi raditya | sagunung-gunung alune | padhaa ing kumumbu | padha ngosèk anèng ing tasik | bandêng lawan balanak | ing parang kabêntus | malêtuk utêk sumirat | saking tutuk ludira têmpuh ing jurit | parang kadi rinêngga ||

98. urang aking pan kadi jinrangking | munggèng parang mina awin ika | bladhêr têpining gisike | kang sami maksih idhup | kapanasan padha kèh mati | sawênèh ana mina | mina surakipun | umêsat saking samodra | tibèng pinggir mugya araning puniki | mijil nulya palastra ||

99. mina pêsut myang ambara kingkin | gajah mina upama prawata | bandêng kalawan kalalèn | padha malêbèng banyu | ing samodra toya lwir api | gajah mina sadaya | sowang-sowangipun | sarta lan sakèh nguyutan | padha kagyat naga ngungsi ing pratiwi | sudira tan darana ||

100. tatkalanya bêlahing jaladri | mapan kalah pana nagagendra | palayunira pan age |

--- 5 : 25 ---

kèn balèg jroning banyu | pan lumembak anèng jaladri | nulya sira gumiwang | bubagra gumuruh | rindhike pan mawilêtan | kilat thathit angin wetan kidul prapti | toya cihna kiyamat ||

101. gurnitanya pan kagiri-giri | toya munggah inggiling prawata | gumuruh amor megane | kagyat Nyai Ra Kidul | masila ring kanthile manik | sigra manggung mangrênggang | dènira alungguh | dening naga kang malaywa | mêtu anon atakut sira ningali | tasik minggah prawata ||

102. Nyai Kidul sigra dènnya angling | salawase ingsun durung mulat | samodra kaya mangkene | ingkang baskara runtuh | dening toya sagara iki | lwir agni ing naraka | mina padha lampus | baya ta arêp kiyamat | jagat ika Nyai Kidul mudhun aglis | jumênêng palataran ||

103. Nyai Kidul mulat jagat êning | kang kasôngga dènira prawata | tan ana jalma wêwanèh | anging jalma kang luhung | ana ngadêg têpining tasik | Senapati Ngalaga | nanging kang kadulu | Nyai Kidul sigra mojar | baya iki kang gawe laraning tasik | antya dènira rusak ||

104. Nyai Kidul mudhun nulya prapti | pinggir tasik sigra amangrêpa | abukuh ing palungguhe | sigra mangsah macundhuk | lawan Senapati Matawis | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | Nyai Kidul sigra prapta | Nyai Kidul mabukuh konjêm ing siti | grananira myang muka ||

--- 5 : 26 ---

105. Nyai Kidul lingira awingit | hèh sang nata ilangêna denta | aru-ara ing têmahe | wagning sagara kidul | sakathahe isine iki | kita adipatinya | sang nata pukulun | pan darbenira sadaya | mapan anut sakarsanira puniki | jin lawan parayangan ||

106. tanpa gawe sira janma lêwih | têka ngrusak gêgaweanira | sakarsa andika angrèh | yèn sira darbe kayun | parayangan kalawan êjin | adunên yèn apêrang | ngalahêna mungsuh | para ratu tanah Jawa | yèn sira yun sineba ing para êjin | tanah Jawi sadaya ||

107. parayangan balanira êjin | ngalahêna mungsuhira aprang | sira dadi ratu gêdhe | bapa babuning ratu | anging sira ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | trêp ing manahipun | miyarsakkên aturira | Nyai Kidul anarka yèn Mangkubumi | prabu tanpa sisingan ||singsingan.

108. sarupane mina ing jaladri | kang mati sampun urip sadaya | samya lêbda jiwa kabèh | Nyai Kidul gya mantuk | Senapati nulya tut wuri | tumamèng ing samodra | tan têlês ing banyu | sampun rawuh ing kadhatyan | sarêng linggih Ni Kidul lan Senapati | raras ati tinêmbang ||

35. Mijil

1. Senapati Ngalaga ningali | têtamanan kaot | bale kancana saka dhomase | bale iku purwane ing nguni | mila nèng jaladri | kalane rinêbut ||

2. dening Gathutkaca duk ing nguni |

--- 5 : 27 ---

rinêbut palugon | anèng madyantara pangrêbute | bale runtuh tiba satêlênging | jaladri kinardi | kadhaton Ni Kidul ||

3. apan murub ujwalaning puri | natare mancorong | pawalikan natar kang ginawe | sinêbaran manik mutyaradi | lan côndra kantèki | marjan krikilipun ||

4. pagêr widuri lênglêng ramyaning | kang sasôngka abyor | myang rênggarum ning puri kêbare | alêp ning omah mas lwir murub ing | langit gapuraning | unggyannya Ni Kidul ||

5. anêlahi ujwalaning manik | ujwalèng mas amor | gapuranya lêwih gêng inggile | pucak rinênggèng jumantên adi | antên nabrang êning | ujwalane murub ||

6. asor sênêning kang sang hyang rawi | kucêm merang tumon | mring sakyèhing ujwalèng manike | mulya kadi raina ywan ratri | ywan raina kadi | tan ana sitangsu ||

7. saha pêpêthètan mangubêngi | apan asri tinon | anjrah ingkang puspita sarine | wilaja ruru aglar tulya sri | wit kaywan kinardi | kancana kang luru ||

8. arondhon lungsi pradapa asri | sarêng kêmbang awoh | warnaning wiji ika kathahe | kawan dasa warnane tuhu sri | sor kathil rêtnadi | anijèni kayu ||

9. kang palinggihan prayangan pêri | warnanya kinaot | sor widadari swarga citrane | ingkang prayangan lêwih kang warni | witning kayu siji | wau palanipun ||

10. ana nyadham kamropokan sami |

--- 5 : 28 ---

yèn sêpuh ing ngênggon | ana runtuh sah saking uwite | tan warnanên kang runtuh upami | lwir lintang angalih | asri ywan kadulu ||

11. upama mêndhung wau kang sari | lwir jaladha tinon | kinubêngan catur bangawane | ingkang rumiyin bangawan warih | puhan kaping kalih | tri bangawan madu ||

12. kaping catur sajêngkang banawi | ingkang winiraos | ingkang sami alinggih kalihe | Nyai Kidul lawan Senapati | kalihan alinggih | anèng puranipun ||

13. ywan cinôndra warnanira Nyai | Kidul ayu kaot | amindha Ratih swarga citrane | sor Supraba warnane liniring | lwir muksa ing ngaksi | sasolahe ayu ||

14. ing rat jagat tan ana tumandhing | kusumaning wadon | lan malih ratu dibya sêktine | panjênêngan nata wanodya jin | akêkitha nênggih | ing sagara kidul ||

15. yèn sakwèh lêlêmbut nusa bumi | ngêndi nora rawoh | sakwèh ratu ing lêlêmbut kabèh | padha seba ngawula ing nyai | sabên taun prapti | mring sagara kidul ||

16. sami ngaturakên bulubêkti | mring sang prabu wadon | sami wêdi asih pangabdine | Ratu Lodhaya sami anangkil | ratu gunung Mrapi | seba mring Ni Kidul ||

17. miwah ratu ing Kare anangkil | myang Waringinuwok | sami seba lan gunung Agunge | ing wukir Palwa Prabu Dalêpih | kang sami anangkil | myang Kuwu Balêdhug ||

18. ing Kayulandheyan datan kari | Ngrawalobang caos | ing Karang lawan Panarubane |

--- 5 : 29 ---

Kabareyan Pringtutul anangkil | Lawu lawan Pêning | ingkang sami nungkul ||

19. punika lêlêmbut nusa Jawi | kang sami asaos | tan wontên purun malanga kabèh | sakyèh lêlêmbut pan wêdi asih | ingkang sami nangkil | dhatêng Nyai Kidul ||

20. Senapati cêngêng aningali | ing warna dyah sinom | amicarèng wau ing driyane | tuhu ayune punjul sabumi | ing watara mami | sang rêtnaning arum ||

21. kaya nora pasaja sayêkti | lêlewane kang wong | miwah yèn angandika manise | tansah karya sumêlanging ati | asung brôngta kingkin | raga krana kaduk ||

22. kusumaningrat tansah liniling | sadanguniranon | èsmu kamanungsan ing driyane | Senapati mulat sang lwir Ratih | solahe rêspati | amanis dinulu ||

23. baya sira ratuning swargadi | guruning dyah kaot | asung brôngta wuyung sasolahe | tansah sabil nala Senapati | kagiwang ing ati | dening manisipun ||

24. anglir kilat atêmpuh lan thathit | campuh ing pandulon | anara sêdya sang dyah tingale | Senapati mênggah ing jro ngati | emut dede jinis | nanging Nyai Kidul ||

25. ananggapi saraosing galih- | ira sang wirangrong | Senapati dinuk ing liringe | lwir madu sêsêmon garit ati | kaya yèn kagimir | Senapati dulu ||

26. Nyai Kidul micarèng jro ngati | sun bekane mêngko |

--- 5 : 30 ---

dêdimène lali kadhatone | iya raja ing Mataram iki | pinrih dènnya asih | tumêkaa kalbu ||

27. mèsêm kusumaningrat pan sarwi | tumungkul siranon | Senapati dinuk ing liringe | ing tingalira sang dyah amanis | ya ta Senapati | Ngalaga lingnyarum ||

28. ingsun iki ratu ayu witning | ayun wikan ingong | ing pasareanira yaktine | apa baya warnane mas yayi | matur sang lir Ratih | inggih botên ewuh ||

29. kalamun tuwan arsa udani | kawula sumaos | apan darma atêtêngga bae | ênggèn kawula wontên ing ngriki | pan kagêngan aji | ing sayêktosipun ||

30. Senapati astane kinanthi | mring jinêm paturon | sapraptane pan sami alinggèh | Senapati lawan sang lir Ratih | kang kaciptèng ati | warnane sang ayu ||

31. kang tansah asung sawining liring | amung sang lir sinom | Senapati Ngalaga manahe | suh rêmpu sira nulyangling aris | baya iki yayi | ing pêpindhanipun ||

32. kang ingaran kadhaton ing swargi | rakiting paturon | miwah rakiting pêpajangane | apan ingsun têmbe aningali | miwah ingkang mirib | pasreanirèku ||

33. tuhu adi tan ana tumandhing | warnaning paturon | têka sêmbada lawan kang duwe | lêwih ayu kang aduwe malih | lêwih wagêd malih | angrakit jinêm rum ||

34. miwah sakirnaning jinêm wangi | saèsa kaot |Kurang satu suku kata: saèstuning kaot. kenyut malat Senapati [Se...]

--- 5 : 31 ---

[...napati] tyase | aningali paprêmane nyai | yèn mangkene iki | iya raganingsun ||

35. kaya nora wande ingsun yayi | kaprêm tingal ingong | aningali manisira anggèr | aras-arasên ngong iki mulih | marang ing Matawis | kacaryan andulu ||

36. aningali kadhatonirèki | raose tiningong | ingsun kaya nora bisa mulèh | kacaryan mulat rêngganing puri | cacade sawiji | dening tanpa kakung ||

37. yèn akanthia kakung apêkik | raose tiningong | mendah dening awuwuh langêne | dening èstrine ayu wus lêwih | mung kang kari iki | yayi kakungipun ||

38. Ki Senapati dèn paleroki | mring sang kadi sinom | Nyai Kidul amanis têmbunge | sakeca jumênêng prabu èstri | kêdhik kang kapikir | tutug among kayun ||

39. datan wontên ingkang malang mindi | mring sariraningong | Senapati aris andikane | apênêd kang mawi kakung ugi | sang dyah anauri | widagdya turipun ||

40. mindhak pintên kumadamèng laki | apênêd amomong | sarira datan ana katolèh | Senapati ing Ngalaga angling | yèn muliha yayi | mring Mataram ingsun ||

41. wus karaos sadurunge yayi | yèn ingsun anglamlong | kasmaran ing sira ingsun anggèr | apa baya sarate wak mami | maria gring kingkin | brôngta mring sirèku ||

42. tan ana yogyane kang nambani | lyaa sang lwir sinom | paran [pa...]

--- 5 : 32 ---

[...ran] baya polah ingsun anggèr | apisaha gusti lan sirèki | pasthi gawe brangti | manise sang ayu ||

43. karsaningsun iki karsa mulih | mring Mataram ingong | tulusa aywa malang tumolèh | aywa sumêlang tilar sirèki | kang sun têdha yayi | sihira mas ingsun ||

44. têgêse ingsun nêdha jêjampi | mring sira mas ingong | Nyai Kidul matur sah liringe | tan sagêd kula atur jêjampi | ing lara wiyadi | pan dede dhêdhukun ||

45. dene api-api sanggup asih | tur nora sayêktos | apan ta ratu agung dhèwèke | kang amêngku ing sanusa Jawi | lah kirang punapi | apan ratu agung ||

46. tur Senapati Nglaga Matawis | ngajêngna dyah kaot | ingkang samyayu lêwih warnane | kawula iki kadar punapi | sêdya amba ugi | ngabdi ing wong agung ||

47. angawu-awu kawula ugi | supados wak ingong | yèn kanggea ngladosi dhèwèke | apan kamanisên Senapati | mirsa wacananing | Dyah Dèwi Ni Kidul ||

48. sang dyah ayu karsa dèn parêki | mring Senapatyanom | kusumayu awingit sêmune | linge manis anglir madu gêndhis | saya ngugêr galih | jênthike Ni Kidul ||

49. duk cinêkêl dening Senapati | ya ta sang lwir sinom | tansah angrêpa wau ature | kadar ta iki arsa punapi | têka anggêgampil | nora angon tayuh ||

50. astane têka nyêkêl dariji | tan angangge alon | dene têka daya têmên [tê...]

--- 5 : 33 ---

[...mên] kiye | kula gêlêma dèn rêrusuhi | dika culkên ugi | gusti kae sampun ||

51. asta kelor pangeran puniki | ujaring pitudoh | watêke iki gêlis putunge | paran karya têtêmpuhe ugi | yèn putunga gusti | jariji wong agung ||

52. dhuh alara pinalindêr iki | jariji tan alon | kaya ingalêm iki polahe | putunga sapa ingkang ngilèni | lêlewane iki | lwir wong wuru gadhung ||

53. kaya dudu Dipati Matawis | kaya wong anglamong | Senapati aris andikane | mas ratu têka kadukên tampi | kalèn ngong tingali | matur Nyai Kidul ||

54. yèn têmên-têmêna nêningali | saking doh wus katon | dalihane ana pangarahe | iya uga ing watara mami | kayana dipun prih | mèsêm sang tinangguh ||

55. Nyai Kidul ature awingit | inggih atur ingong | apan ing mangke durung usume | tuwan andhinginakên ing kapti | andika puniki | apan badhe ratu ||

56. ingkang amêngku ing nusa Jawi | tan ana kang monyol | darbe karsa bok inggih dèn rèrèh | sapa duwe sarira puniki | lyana Senapati | kang angrèh maringsun ||

57. sampun talah sang prabu apêkik | culna astaningong | punapa tiki salih raose | sang dyah ingaras têka ngladèni | nguculkên tumuli | astane sang ayu ||

58. ya ta sinambrama Senapati | mring sang lwiring sinom | saha pracaya ing pasêgahe |

--- 5 : 34 ---

kusumadi wus amunggwèng ngarsi | warnane kang kupi | nênggih warna catur ||

59. gêdhah seta lawan gêdhah abrit | gêdhah jêne ijo | pan aisi brêm lampu arake | arak anggur lawan arak manis | lwir madumôngsèki | kocap yèn dinulu ||

60. pan sadaya mawi sabab sami | punang kupi kaot | apan sakawan ika kathahe | punika katur mring Senapati | raose kang putih | lwir puhan puniku ||

61. lêwih saking puhan ing donyèki | raos kang kapindho | lwir madu lêwih madu donyane | kang jêne lêwih sajêng donyèki | kang ijo lwir warih | lêwih ing donyèku ||

62. samana Senapati Matawis | nênggih kawiraos | lamine anèng jro samodrane | apan tigang dina tigang wêngi | musawarat nênggih | lawan Nyai Kidul ||

63. atunggil sare akaron rêsmi | wus winêjang kang wong | masalah kawruh madêg ratune | ingkang kèdhêp ing manusa êjin | mring prayangan pêri | jangjine atutut ||

64. Senapati angandika aris | apracaya ingong | inggih ing sakalangkung agêdhe | maring ingsun balik ingsun yayi | muliha Matawis | kaya prèhe besuk ||

65. lamun ingsun nêmua prakawis | tinêkanan ingong | ing bancana sapa kang sun kèngkèn | angaturi marang sira yayi | wong Mataram ugi | tan ana kang wêruh ||

66. lan ora tutug tumêkèng ngriki | ngaturi dyah sinom |

--- 5 : 35 ---

Nyai Kidul matur smu tangise | dhuh gusti timbalan tuwan benjing | nimbali ing mami | ing pranatanipun ||

67. asidhakêp suku tunggal êning | punika tur ingong | tumênga ningalana tawange | dening kawula anulya prapti | lamun wontên kardi | kang gatos ing besuk ||

68. pasthi êjin parayangan pêri | sadaya kang rawoh | ambêkta ing sapradandanane | amapag mungsuh tuwan ing benjing | Senapati angling | maring Nyai Kidul ||

69. alah uwis kantuna mas yayi | lah ta mulih ingong | mring Mataram apa sajangjine | pasthi sun èstokakên mas yayi | sigra Senapati | anulya tumurun ||

70. ya ta sakesahe Senapati | agung awirangrong | Nyai Kidul tambuh ing polahe | asangêt dènnya kandhahan kingkin | mênggah ing jro ngati | gya manjing kadhatun ||

71. aniba sare ngapit gêguling | munggwing ing paturon | ya ta amujung kampuh jinggane | sangsaya-saya karasèng ati | waspanya drês mijil | sang ayu tan wêruh ||

72. saking tan sagêd ngrêgêp tyasnèki | kampuh têlês ing loh | ingusapan kalawan wènine | saya wuwuh kasmaranirèki | sang amindha Ratih | sira Nyai Kidul ||

73. ya ta amikir sajroning ati | sang rêtnadi kaot | paran baya polah ingsun kiye | angandhêg-andhêg ing wong lumaris | dadya lajêng guling | sang amindha juruh ||

--- 5 : 36 ---

33. Sunan Kali rawuh dhatêng Matawis, maoni padalêmanipun Panêmbahan Senapati

36. Dhandhanggula

1. ênêngêna kang andon aguling | kang kocapa Senapati ika | kapirangu ing lampahe | datan pêgat kadulu | ingkang kitha têlêng jaladri | dadya sabiling nala | lampahe andarung | kadi angambah dharatan | ing samodra muncul ing Parangtaritis | sang pandhita kapêdhak ||

2. apitêkur susunan ing adi | soring Parangtaritis ing toya | Senapati mangsah age | cundhuk lan sang awiku | sigra nêmbah ngusapi sikil | bukuh palunggwèng ngrêpa | mukanya tumungkul | anrahakên pêjah gêsang | tiningalan dènira Sang Maha Yêkti | aris dènnya ngandika ||

3. hèh Ki Senapati ing Matawis | aywa ngandêlakên yèn arosa | têguh sêkti digdayane | tumamèng sagaragung | kadya ngambah dharatan siti | dadya ujub myang riya | kibir wastanipun | tan wênang yèn lampahana | wali mukmin andohakên pangabêkti | pamor gusti kawula ||

4. aja kaya sira bumi langit | myang sagara kalawan prawata | bumi iku wahanane | yèn janmaa amuwus | ngandêlakên jêmbaring bumi | kalawan kandêlira | nanging mung puniku | tan ana prayoganing lyan | kadya gunung mung gêdhene lawan inggil | tan darbe pangulatan ||

5. lawan sira aja kaya langit | ngandêlakên jêmbar lan awiyat | mung punika digdayane | miwah sagara [saga...]

--- 5 : 37 ---

[...ra] agung | ngandêlakên jêmbar ngidêri | lawan ajro tan jajag | gurnita kang alun | gêdhene pindha prawata | pan gumuruh swarane agêgilani | mung puniku dayanya ||

6. yèn sira yun lulus dadi aji | anganggea sokur lawan rêna | ênêba kêna êninge | pan pasthi dadi ratu | ing Mataram dènira linggih | myang para ratu Jawa | kabèh padha nungkul | aseba maring Mataram | anrahakên bulubêkti sabên warsi | dhatêng Raja Mataram ||

7. alah payo mulih mring Matawis | ulun arsa mampir umahira | anulya lumampah age | susunan adi wau | Senapati Ngalaga nênggih | lampahira lwir kilat | sakêdhap wus rawuh | sang maha pandhita mojar | wismanira tan angangge pagêr jawi | kêbo sapi ingumbar ||

8. ya ta angandika sunan adi | hèh Ki Senapati ing Ngalaga | sisip sira ing ngasrahe | angkuhira pan dudu | Senapati anèng Matawis | dadi lan riyanira | kabirkibir. lawan ngujub | kêbo sapi tanpa kandhang | wahanane sapa wani maring kami | durjana ingkang dhustha ||

9. kang angangge ênêb lawan êning | lêlakone sokur lawan rêna | awisma lawan pagêre | kêbo sapi yèn nusul | kêluhane kang dèn cêkêli | yèn mantuk maring wisma | kandhangna dèn kukuh | saloroke pinêthokan | turonana lawange lamun ing wêngi | nuli sira asraha ||

10. anganggea andum lan amilih | dèn apatut kalawan agama | kalawan ing

--- 5 : 38 ---

drigamane | ibtipar dipun agung | pakewuhe dipun rundhani | ambabarakên dana | anganggea sukur | karane dipun pracaya | laku linggih solah muna lawan muni | minôngka panêngêran ||

11. anganggea sira pagêr jawi | lah atêgên wongira Mataram | sabên-sabên katigane | anyithaka puniku | sabên warsa têka sakêdhik | saolèhe wong dhomas | anganggea sukur | ingarah dadi bacingah | pirabara lumakua aja kibir | bantênên sabên warsa ||

12. nulya nyandhak mandhêlêm cinangking | mèsi toya pandhita lumampah | akarya watês dalane | toya mandhêlêm mancur | pan lumampah sang wiku adi | ingiring Senapatya | lah turutên iku | ing benjang karyanên kutha | babadana wong dhomas cacah Matawis | dadi bantalan karsa ||

34. Sultan Pajang utusan dhatêng Mataram, nyatakakên punapa èstu Senapati badhe malik tingal

13. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | ri sêdhêng anèng purane | siniwi lêmahdhuwur | masilar ing kathile manik | abra ujwalanira | alêlamak babut | wau anyêkêl badhama | angapit ing sang nata kalawan bêdhil | sanjata têngên kiwa ||

14. mantri Pajang pêpêkan anangkil | sami matur kang wadya sadaya | ulun miyarsa wartane | sutanira

--- 5 : 39 ---

sang prabu | Senapati anèng Matawis | yakti balik karsanya | wong dhomas lumaku | anyithak bata kinarya | pêpagêre kutha bacingah apragi | anjrokkên lêlarenya ||

15. Sultan Pajang sigra dènnya angling | sutèng ulun Dipati Banawa | kita lumampaha age | kalawan si tumênggung | ing ngamôncanagara iki | lawan Dipati Tuban | ipenira iku | maringa sira Mataram | ucapêna kakangira Senapati | têmêne lawan ora ||

16. tri kang duta sigra nêmbah amit | nulya mêsat saking pangayunan | wus budhal sigra lampahe | pun pangalasan sèwu | mantri Pajang kang dadi têlik | mapan iku samitra | nênggih tunggal guru | myang Senapati Ngalaga | tinutakên marang ing Mataram aglis | sigra sira wêwarah ||

17. Senapati pan ulun puniki | tinutakên marang pakênira | awêwarah ing wartane | Sultan Pajang anêngguh | dintên benjing duta kang prapti | Pangeran ing Banawa | lawan ki tumênggung | amôncanêgara ika | lawan mantu anênggih Dipati Tubin | tri padha wirotama ||

18. Senapati ing Ngalaga aglis | nulya mapag anèng Randhulawang | lawan santanane kabèh | dêdamêl dhomas kumpul | wus arakit têtarub sami | minôngka palêrêban | sama bêkta suguh | gajah jaran pan samêkta | wong Mataram kêrig lampit dhudha santri | ana ing Randhulawang ||

19. Adipati Banawa gya prapti | Randhulawang Senapati mapag | katingal tumurun [tu...]

--- 5 : 40 ---

[...murun] age | adan mangsah acundhuk | Adipati Banawa bakti | ya ta arêrangkulan | adhuh sanak ingsun | kawula puniki kakang | kangên têmên alami datan apanggih | lan karsa jêngandika ||

20. Senapati ing Ngalaga angling | ari Adipati ing Banawa | anungganga èsthi age | angandika ing luhur | ing turôngga mapan tan bêcik | nulya sarêng umunggah | ing palana sampun | panakawan Astranaya | wadya Pajang ambocèng nginggiling èsthi | angucap jroning nala ||

21. lah manawi wontên karya jurit | inggiling liman ulun sarênga | mati kalawan gustine | têtalinira iku | palanane dipun pêthêti | ing pangote cebolan | iku purwanipun | wadya Mataram yèn seba | pangote cebolan kinandhutan kari | binêktaa sewaka ||

22. tarkanira Astranaya iki | karanipun sun pêthêti ika | aling-aling têtaline | arsa mêdal ing pungkur | agampanga pamiyak mami | gèningsun anuduka | sarêng ulun ngamuk | anèng sainggiling liman | jurunira Senapati ing Matawis | pun Malik sarêng nunggang ||

23. tarkanira ujare Ki Malik | karan ingwang sarêng nunggang liman | anèng ing gulu ngayune | sarênga ulun ngamuk | pêjah gêsang sarêng lan gusti | madhêp marang palana | angkuse dèn singkur | andulu ing gustinira | Senapati ajajar dènnya alinggih | myang Dipati Banawa ||

24. Adipati Banawa sirangling | kakang Senapati ing Ngalaga | kawula iki

--- 5 : 41 ---

kinèngkèn | dening sultan tuwanku | jêngandika kapirsa nênggih | dera majêng ngandika | akarsa amungsuh | ing ramanira jêng sultan | inggih nyata punapa datan sayêkti | ulun nêdha jinarwan ||

25. Senapati sigra anauri | môngsa-borong kang matur ing sultan | ratu pan têrus tingale | tarkane tyas ing ulun | datan samar paduka aji | saparipolah ingwang | barkate sang prabu | kagêngan dalêm Mataram | datan narka yèn ulun kang andarbèni | mapan kagungan sultan ||

26. ulun angaturakên sakèhing | sêsuguhe kang abdi Mataram | jêngandika pan gustine | yèn sawawi pukulun | tumanduka marang Matawis | mapan nagara tuwan | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos akarsa andika yayi | tanpa arak waragang ||

27. Adipati Banawa sirangling | hèh tumênggung amôncanagara | nyata linyok ing wartane | bakite ingkang matur | marang rama sultan ing nguni | yaktine iki ora | ujare amungsuh | ingsun piandêl ing kakang | ing bêcike suguhe wadya Matawis | dadya cihna amêrta ||

28. Adipati Banawa anuli | lampahira prapta ing Mataram | tumama ing kadhatone | nulya rawuh alungguh | pinarêk ing wadya Matawis | andhèr wadya ing Pajang | amrêgil supênuh | amundhut brêm lan waragang | ya ta nuli agêpah dènnya anglarih | galaganjur tinêmbang ||

29. adipati ing Tuban sirangling |

--- 5 : 42 ---

kakang Senapati ing Ngalaga | ulun miyarsa wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêkas kasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya ||

30. Senapati Ngalaga nauri | abdi dalêm Mataram ambêksa | rangin sondhèr kang ginawe | yèn gêguyon anginum | papah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | sami tiyang dhusun | kawruhe mung sêkul ulam | papah gêdhang towoke tinigas pancing | buntare sinêmpugan ||

31. adipati gumujêng saryangling | botên nusul têtiyang ing Tuban | wong Mataram digdayane | yèn bêbêksan anginum | wong ing Tuban yèn bêksa lêmbing | lêmbing têmên kinarya | gêguyon anginum | tur sami atadhah dhadha | pan agênti ing wong kang lêmbing-linêmbing | wus wantuning wong Tuban ||

32. atanapi yèn ambêksa rangin | tumbak têmên kang kinarya watang | ingkang kinarya sodore | abêbaksanabêbêksan (dan di têmpat lain). anginum | tan prabeda lawan ajurit | yakti tumbak-tinumbak | datan ana kondur | sampun wantune wong Tuban | alah para mangke andika ayoni | wong Tuban ababêksan ||

33. Senapati ing Ngalaga angling | têtiyang dalêm Mataram tiwas | sami awidhung tangkêpe | pan dawêg sêsinau | dèrèng wontên angrêspatèni | wantu têtiyang desa | yèn baksa anginum | sami anggagak urahan |

--- 5 : 43 ---

mung cangkême gumêdêr bêbêribini | ambêksa tan tiyasa ||

34. Adipati Tuban sigra angling | ulun darbe wadyanira Tuban | awagêd abêksa tamèng | pitung nagara punjul | nanging wadyanira ing Tubin | wisaya lan prayoga | tan ana kang mungsuh | wong pitung nagara kalah | dèn wong siji punika ngabên prayogi | ulun dhatêng sumôngga ||

35. Senapati ing Ngalaga angling | mandahane wongira Mataram | mulat ing wong baksa tamèng | ingkang wagêd pinunjul | ngalahakên pitung nagari | mandahe wong Mataram | arêmên andulu | satuwuke dèrèng mulat | wong widagda amidhangêt lagi mangkin | dening wong desa mindha ||

36. Adipati Tuban sigra angling | hèh wong Tuban sira bêbêksana | sira angagêma tamèng | mupung padha awuru | gêlarira dipun angênting | nulya wadya tumandang | babêksan ing ngayun | towok myang tamèng cinandhak | ngumbulakên ing tawang sigra lêkasi | kêdah tinon ing janma ||

37. ramyaningkang ri lagya sêdhênging | abêbaksan gamêlan gurnita | awor lan surak wadyakèh | lwir ombak sagaragung | Radèn Rôngga sutanirèki | Senapati Mataram | putra kang pambayun | ayuswa rowêlas warsa | duk anjawil ngrama kagyat Senapati | sinêntak ingkang putra ||

38. adipati ing Tuban sigrangling | kakang Senapati ing Ngalaga | dene asangêt dukane | dènnya dukani sunu | kapirare ingsun wastani | punapa purwanira |

--- 5 : 44 ---

dukanira asru | Senapati sigra mojar | pêcil alit pun Rôngga paksa bumakit | kêdah tumut bêbaksan ||

39. angladosi wadyanira Tubin | karsanipun pun Rôngga punika | bumakit paksa angêne | dening wong mudha punggung | toging prana tur nora bakit | dadya asung paguywan | mêmirang dinulu | tan layak pukulun mulat | ing tandange pêcil dalêm ing Matawis | awidhung paksa iya ||

40. adipati ing Tuban sigrangling | sutèng ulun aywa sira sora | baksaa sun tingalane | wong Tuban pan wus gambuh | nora layak sira kêmbari | lingse gêgina uwa | payo sutaningsun | wong Tuban sira tirua | nanging poma aywa sêdya angladèni | môngsa sira mênanga ||

41. pan wis agambuh wong ingsun Tubin | lingse amêmuruk maring sira | aja cacak sira rare | yèn mênanga amungsuh | tingalana tandange ugi | sira èmpêr-èmpêra | payo sutaningsun | kang ngladènana wong Tuban | Radèn Rôngga tumungkul dènnya alinggih | langkung dènnya angrêpa ||

42. Dipati Tuban sigra ningali | ing dêdêge Radèn Rôngga ika | Dipati Tuban têmbunge | abêcik tangkêpipun | pan dhuwure yakti apêkik | sutèng ulun punika | wantu taksih timur | hèh wong Tuban iku iya | sutèng ulun aywa ta sira têmêni | rowangên baksa kêmbang ||

43. hèh wong Tuban lah poma sirèki | ladènana baksane Ki Rôngga | yèn kênaa sanjatane |

--- 5 : 45 ---

ingsun têtêk gulumu | poma aywa ta sira lali | pan iku sutaningwang | kapirare dangu | sun juwing sawalang-walang | kulitira ngong karya tongtonan iki | anèng nagri Mataram ||

44. kakang Senapati ing Matawis | putrandika Radèn Rôngga ika | mali-mali ingsun akèn | tan mangkat dening takut | dhatêng tuwan sutanirèki | lah atagên dèn agya | Radèn Rôngga iku | karantên tutuga suka | abêbaksan wayahe wong anom pêkik | kêdah tinon ing janma ||

45. Senapati ing Ngalaga angling | sutèng ulun Radèn Rôngga kita | lah tumandanga dèn age | tamèng towok pinundhut | pan gotong pat tamèngirèki | waja ingkang kinarya | kotbuta dinulu | gotong kalih towokira | sarêng katon kagèt Adipati Tubin | satuwuk dèrèng mulat ||

46. tan kumêdhèp dènira ningali | padha malongok wadya ing Tuban | padha ngucap jro nalane | nora layak punikapuniku. | gêgamane manusa iki | tan ana tanah Jawa | kang kadya puniku | anulya sira tumandang | Radèn Rôngga tamèng towok dèn gêgêli | ngumbulakên ngawiyat ||

47. towokira mibêr kadya paksi | alap-alap katone saalab | anulya mudhun sirage | pan tinadhahan pupu | myang tinundha sinôngga gigir | murub tumibèng jaja | sanjata pan lêbur | mantri Pajang sami cingak | adipati ing Tuban kucêm ningali | kasoran wadyanira ||

--- 5 : 46 ---

48. adipati ing Tuban sigrangling | hèh wong Tuban bêksa têmênana | gêlarira dèn angêntèk | karo pan padha têguh | pan pracaya ulun ningali | karo padha digdaya | pan sarêng anuduk | apan sampun kinêjèpan | dening gustinira dipati ing Tubin | bêksa nêkakkên gêlar ||

49. Radèn Rôngga sinuduk tan gingsir | ngiwa nêngên towok tan tumama | lwir lalêr mencok rasane | panudukira luput | duk dinêdêlakên alungit | sasat wayang-wayangan | pan ilapat tuhu | cihnaning kayun lan baka | tumbak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring janma satata ||

50. Radèn Rôngga datan amalêsi | sakeca wau dènnya abêksa | anêlasakên solahe | Dipati Tuban muwus | Radèn Rôngga malêsa aglis | apan padha digdaya | padha têguh-têguh | ing ulun sampun pracaya | pira bêtah sira nora amalêsi | rêmêk wasananira ||

51. kinèn malês sapisan ping kalih | tri tan miyang Radèn Rôngga ika | maksih eca baksa tamèng | Dipati Tuban muwus | kakang Senapati Matawis | Radèn Rôngga punika | ulun atag sampun | amalêsa ing wong Tuban | datan arsa yèn botên kita abani | lah ta kènên malêsa ||

52. Senapati ing Ngalaga angling | sutèng ulun lah Rôngga malêsa | pan gustinira kang akèn | Radèn Rôngga anuhun | nulya sèlèh sanjata aglis | tumandang karo tangan | pinapag anêmpuh |

--- 5 : 47 ---

wong ing Tuban tinanganan | amung pisan mukanya pêcah wor gêtih | kulit katut ing tangan ||

53. mantri Pajang gawok aningali | kawilotamanekawirotamane. Radèn Rôngga | gègèr lolos mantuk kabèh | prapta ing Pajang sampun | mangsêh cundhuk marang sang aji | manêmbah ring suku sang | mangusapi lêbu | Pangeran Banawa ngrêpa | palungguhe abukuh konjêm ing siti | Risang Sutawijaya ||

54. Pangran Banawa matur ngabêkti | sampun kawula dhatêng Mataram | amaspadakkên tingkahe | Senapati puniku | datan wontên tilase balik | malah ulun pinapag | Ngrandhulawang suguh | asêgah dhatêng kawula | sinungga-sungga ulun ingkang abêkti | têlas wadya Mataram ||

55. sakathahe dêdamêl Matawis | gajah jaran lawan èstrinira | amêthuk têka rabine | sumôngga karsèng ulun | miwah wana isine ênting | banthèng kidang manjangan | kinarya sêsuguh | yèn ulun kala anendra | para rabi sumandhing ulun ngêpêti | ya ta tut pra kathaya ||

56. pun tumênggung amôncanagari | sigra matur dhatêng Sultan Pajang | inggih yaktos pambalike | suta pukulun iku | Senapati Ngalaga nênggih | sagêd akarya gêlar | wong agung asêmu | Adipati Tuban mojar | hèh sang nata yêktos kakang Senapati | ambalik ing sang nata ||

57. ing tarkane tyas ulun puniki | kakang Senapati ing Ngalaga | yèn papagêna jurite | dêdamêl Pajang sèwu | pinarênga mara ajurit |

--- 5 : 48 ---

pasthi datan anôngga | widagda atêguh | Senapati pan satunggal | digdayane lêwih kang wong sanagari | têpis wiring rat Jawa ||

58. Sultan Pajang kampita ing ati | amiyarsa ature punggawa | myang tanaya lan mantune | anarka lamun nêmpuh | ing têmahe prana ing jurit | Sultan Pajang gya mojar | maring ki tumênggung | sira mantriningsun lawas | môngsa sira goroha maring ing kami | sakèhe aturira ||

59. Ki Dipati Banawa puniki | mapan wode ing wradayaningwangwardayaningwang. | iku lanang sajugane | saature ngong gugu | môngsa iki ngrusak ing kami | môngsa iku doraa | pan nagaranipun | dadi ewuh tampaningwang | mapan karo tan ingsun gugu sirèki | pan sun pikir ujarnya ||

60. sun tuture kakangirèng nguni | kala bocah dadi panakawan | ingsun raina asare | Senapati atunggu | anèng dagan ingsun aguling | ana karsaning Suksma | ula gêdhe anung | arsa narajang maringwang | Senapati tangginas dènnya nyêkêli | ula pinêdhot pêjah ||

61. wis mangkone ingsun acangkrami | marang wana ing rame samana | anggêrit sangsam myang banthèng | Senapati pan milu | ngiring-iring ana ing wuri | mantri Pajang kapisah | kalawan ing ulun | anggiring banthèng anjanganmanjangan. | apan ulun katungkul dening anggêrit | kalawan garwaningwang ||

62. wus mangkana ana banthèng kanin | nulya ngamuk tan ana amapag | panggritan tinêmpuh age | Senapati [Senapa...]

--- 5 : 49 ---

[...ti] amêthuk | nyêkêl sungu pan siji sisih | rosa ingkang andaka | pokah ingkang sungu | banthèng niba kapisanan | iya iku digdayane Senapati | sêdhênge lagi bocah ||

63. mangke malih sangsaya asêkti | pan wis tuwa waspadèng wêweka | widagda ing sasmitane | amikanakên sêmu | apan ulun wikan ing wangsit | sakarsanira mothah | apan ulun ugung | sakèhe ing wartanira | tan sun rungu Senapati sutèng mami | lwir gon ngong yoga brôngta ||

35. Radèn Pabelan, Tumênggung Mayang dipun tundhung dhatêng Samarang, lajêng dipun rêbat dhatêng Senapati

37. Asmaradana

1. datatita lingnya nguni | kocapa Tumênggung Mayang | atmajane bagus anom | Radèn Pabelan namanya | dahat tan arsa krama | yayahnya saha pitutur | sangêt pamrêdèng ing suta ||

2. pakartine saha nilib | tansah kinèn akramaa | nanging tan arsa ing mangke | ramanya pêgêl ingkang tyas | dènnyagung ambalasar | tan apilih papan iku | tan wruh mantri myang sudagar ||

3. yyan ana kasênêng galih | apilih kang nora kêna | saking baguse rahadèn | yayah wus pêgêl ingkang tyas | sêdya pinrih parastra | ring rama ngartikèng kalbu | sira Ki Tumênggung Mayang ||

4. sêdya pinanjingke puri | parastraa ring karenah | tan tahan matèni dhewe | dadya ari pamisaya | kalêpatan ing sultan |

--- 5 : 50 ---

kênaa ring jangjinipun | kapindho dadyaning cidra ||

5. sutanya agya dèn syangi | kang nama Radèn Pabelan | hèh pêcil timbalanage | sutèng ulun Ki Pabelan | dutanira gya kesah | prapta ngarsane kang sunu | sigra ingkang duta mojar ||

6. ulun kinèn animbali | ing radèn de rama tuwan | dèn agya ring wawêlinge | Radèn Pabelan busana | saryangling mring sang duta | apa paman wadinipun | ulun ngandikan ing rama ||

7. witning kapengin ngong iki | jamak wong asring ngandikan | ayya wèt rama mangkene | tansah kèndêl ngêmu duka | mung mangke ngong ngandikan | baya ta lêjar tyasipun | rama ngong Tumênggung Mayang ||

8. anulya radèn glis prapti | ing dalême ramanira | duta umatur sirage | hèh kiyai suta tuwan | wus prapta ing pasowan | Tumênggung Mayang gya muwus | suta ngong kon tumanduka ||

9. sigra rahadèn wus kering | prapta ngarsane kang rama | agya ngabêkti rahadèn | ring yayah sigra lingira | payo kita linggiha | Radèn Pabelan wotsantun | tumamèng malunggyèng ngandhap ||

10. marma kita suta mami | ngong syèngi mring ngarsaningwang | lah payo sutèngong anggèr | kita milihana kanyakênya. | sutaning pra bupatya | myang sudagar ingkang sunu | miwah sambewarèng Pajang ||

11. muwah pangulu myang kêtib | êndi nyawa sêsênêngan | agya nuli ngong lamare | ecane mangkya tyas ingwang | putranira gya nêmbah |

--- 5 : 51 ---

rikala mangkyamba nuhun | maksih sukarênèng lômba ||

12. ri kang yayah sigra angling | ngong taman duga karsanya | rèhnya rêmên nglômba bae | kadya dudu trah satriya | kang kadya kita uga | sok wanodya apinrunggul | tan amawi sêsamanya ||

13. nadyan kita rèh anilib | nganggyaa sama-samanya | parastra utama linge | ayya nilib sok kênyaa | ambêbêktèngi yayah | rahadyan nêmbah umatur | rama sintên kang sudia ||

14. sutèngsun lah karsa mami | yyan kita kêdêhkêdah. balasar | yya têgêl ing karsaningong | parastra utamèng ngucap | yèn kêna dadi putra | yya tanggêl ing karsaningsun | Radèn Pabelan tur sêmbah ||

15. wruhanira karsa mami | rêtnayu sêkar kadhatyan | iku lêbonana anggèr | ayya tanggung ing rèhira | kongsi kita wanuha | agampang jêjabanipun | sok kênaa si jêronya ||

16. watêking suta pawèstri | yakti tan pinrih coraha | yyan wus kaangkêh ring jrone | lah agya kita midhanga | iki kita gawaa | apan dyah sêkar kadhatun | ri sabên dina putusan ||

17. pan rêmên saliring sari | sabên dina aputusan | iya mung sêkar rêmêne | kênanga lawan cêpaka | malathi gambir muwah | adhangêna ing dalanggung | galèdhègan kang prayoga ||

18. wong sêdya tumbas dèn wèhi | sêkar yakti lintang bungah | lah uwis miyanga age | mupung môngsa ramya pasar | Radèn Pabelan sigra | tumampi caconthong sampun |

--- 5 : 52 ---

mèsi sêkar myang sêratnya ||

19. apan lininting kang tulis | ngulêsan sêkar kananga | anèng sadalêm caconthong | tan katon yèn binukaa | lamun tan winêdhara | saking writ rèh darbe kayun | rahadyan agya lumampah ||

20. galèdhègan sampun prapti | rumakêt ing wiwya kanan | sarya amirong rahadèn | kapargat ana putusan | mijil saking jro pura | dutanira radèn ayu | anama êmban Angsoka ||

21. sigra dènnya amarêki | radyan mring êmban Angsoka | kagyat wruh baguse radèn | ni êmban kanyut tyasira | gya têtanya rahadyan | bibi ulun tambung laku | kita mandhêga sakêdhap ||

22. ulun atanya sayêkti | kita iki bibi sapa | mring pasar ingkang akongkon | ni êmban aris aturnya | ulun ingkang putusan | sang rêtna sêkar kadhatun | dinuta tumbasa sêkar ||

23. kapargata kita bibi | kita dinuta mring pasar | mring dyah dyah sêkar kadhaton | mring pasar atumbas sêkar | bibi yya kita tumbas | sêkar ulun kang jumurung | atur sêkar ing rahadyan ||

24. nikèn êmban sukèng galih | ciptaning tyas tan kangelan | ana ri kang asung bae | dadya ngong taman atumbas | si êmban sigra mojar | lah bilih tinanyan ulun | bagus sapa kita nama ||

25. Radèn Pabelan sigrangling | manawa rêtnaning pura | atanya ring angganingong | sayêkti ulun sutanya | inggih Tumênggung Mayang |

--- 5 : 53 ---

Pabelan ring aran ingsun | ni êmban kagyat miyarsa ||

26. ni êmban ngartikèng ati | iki si baya rupanya | kang kalok ingalêm ngakèh | kabèh kang wong dalêm pura | samya kanyut ing warta | mangkya wêruh dhawak ulun | tuhu yyan bagus anawang ||

27. radyan wus ingatag mulih | ni êmban mantuk jro pura | angaturakên sêkare | sêmana Radèn Pabelan | apan wus mantuk sira | wus prapta ing dalêmipun | dalême Tumênggung Mayang ||

28. lajêng malêbêt sirèki | kyai tumênggung alênggah | mulat ing suta ingawe | tumama suta wotsêkar | kya tumênggung gya mojar | apa lèh karya sutèngsun | rahadèn matur wotsêkar ||

29. inggih sampun dèn tampani | mring dutanira ratu mas | awasta sêkar kadhaton | sigra mojar ramanira | yèn tulus katampana | apan luwange srat ingsun | pasthine agya putusan ||

30. ana dene iku benjing | yèn rêtnaningrat putusan | gya têmonana dèn age | tur datan lyan kang dinuta | pasthi kang tômpa sêkar | iku besuk kang ingutus | poma nuli lêbonana ||

31. yyan kita benjing pêpanggih | kita ajaka sasêtyan | nadyan malang santanane | katona mêthuk ing sira | sok si wus kakênana | mangsah pinrih wirangipun | watêk wong sanak wanodya ||

32. sigêgên kang nêdya nilib | ucapên kang anèng pura | rahadyan sêkar kadhaton | putranya Jêng Sultan Pajang | putri

--- 5 : 54 ---

dinama-dama | dahat endah warnanipun | wus luwih saking diwasa ||

33. ri uwus surup hyang rawi | ni êmban pan tinimbalan | sigra dhatêng ing ngarsane | biyang ingsun takon warta | apa sira wus wikan | kêmbang kita bêkta iku | biyang ing jro isi layang ||

34. biyang dupi ngong ungkapi | ngong waca unining layang | atingong tambuh rasane | unining layang mangkana | têmbunge angawula | yèn katampèn jêng mas ratu | nuli agea putusan ||

35. ri sampun radyan sung warti | mring êmbanira samana | tumulya mujung asare | tambuh surasaning nala | kêna ngasmaratura | asmara kirim kalêbu | kang kabêkta ring ni êmban ||

36. wusing asare anglilir | ngandika maring ni êmban | biyang nora mêkas manèh | enjang nulya wêtonana | antêpên ing tyasira | gènnya kintun sêkar tuhu | nulya konên malêbua ||

37. ya ta kawarnaa enjing | nikèn êmban sigra mêdal | panggih lan sira rahadèn | nèng galedhegan ngunika | ni êmban sigra mojar | inggih sêrat kita katur | ingkang andika ratu mas ||

38. yèn tulus kang kintun tulis | yakti biyang ngong cêcadhang | ingkang sabda gustiningong | saurnya Radèn Pabelan | lah sampun walang driya | lah bibi andika mantuk | mangkya ratri ngong tut wuntat ||

39. ni êmban sira gya mulih | warnanên Radèn Pabelan | wus umatur ing ramane | kang nama Tumênggung Mayang | kadya punapèng karsa | rèh ulun [ulu...]

--- 5 : 55 ---

[...n] wus pasthi sanggup | sanggup ulun gya tut wuntat ||

40. kya tumênggung sigra angling | aywa kita matwèngmêtwèng. lawang | manawi wruh wong kêmite | karsaningsun lêbunira | marga apagêr bata | gampanga yèn sira mêtu | aywana ri kang wong wikan ||

41. putranya ling awotsari | ulun dahat nuhun duka | dening tan kadugi ingong | yèn amargaa punika | yayahira gya mojar | cabar têmên sutèng ulun | kadudu trahe Sêsela ||

42. lah payo ngong atêr ugi | môngsa kita ngong tegakna | wus payo sêdhêng wayahe | wus môngsa sirêping janma | payo kita dandana | sigra busana dyan sunu | ki tumênggung ngatêr putra ||

43. Radèn Pabelan pan sami | wus angrampit lan kang rama | pagêr bata dalêm gêdhe | Tumênggung Mayang lingira | iki lah apalêna | lamun kita arsa mêtu | yèn kita angusap bata ||

44. sutanya winêjang sisip | darapon tan bisa mêdal | ika pamrihe yayahe | sigra pagêr bata ngusap | dera Tumênggung Mayang | gya mêndhak pagêr batagung | sêktine Tumênggung Mayang ||

45. lah kita manjinga aglis | ing benjang yèn kita mêdal | usapên kaya mangkene | sigra kang putra jumangkah | malêbêt ing jro pura | kang banon ingusap sampun | wus mulih kadya ing saban ||

46. Tumênggung Mayang wus mulih | sampun sakeca manahnya | de suta wus manjing ing jro | kadhaton Radèn Pabelan | ênêngêna ramanya | warnanên sang murtining

--- 5 : 56 ---

rum | kang nama sêkaring pura ||

47. kasmaran kadya wong uning | sangête ing brangtanira | tansah rêngêng-rêngêng bae | supe dhahar myang anendra | kang tansah anèng nala | atmajane kya tumênggung | kang karya rêntênging nala ||

48. apan wus anèng jro puri | nanging pawongan tan wikan | duk sirêp jalma lêbête | kanglanglangkalanglang. tan kapangguhan | radèn tate andhustha | lan malih wus takdiripun | dadya bêbantên Mataram ||

49. Radèn Pabelan rumampid | ing bangsal pasreanira | sang dyah dyan sêkar kadhaton | radèn jumangkung kewala | mrih dyah bok katambêtan | mila ring tyas rangu-rangu | radèn mangsit ing bêbalang ||

50. kinarya balang karikil | wangsit pasrean ratu mas | apan kumlèthèk swarane | kagyat ngartika ratu mas | dhasar wus sangêt brôngta | mila ratu mas gya mêtu | umadêg madyaning natar ||

51. sigra rahadyan marpêki | saha ngucap ing tyasira | baya iki sêsotyane | gandanya dudu parêkan | radèn sasèndhèn pucang | nanging sang rêtna dèrèng wruh | saking dahat pêtêngira ||

52. dahat kewran ing jro ngati | mangkya Rahadyan Pabelan | rèhing dèrèng wruh namane | manawa kagyat anjrita | yèn iki ngong cêkêla | têmah dèrèng ngaras lampus | mangkana ring ciptanira ||

53. saputêkirèng jro ati | dupi mirsa swaraning dyah | têka purun ing tyas radèn | sarêng obah gya sinapa | de sang lêsmining pura | sapa baya wonge iku | aris ature [a...]

--- 5 : 57 ---

[...ture] rahadyan ||

54. ulun pan têtiyang prapti | atmajanipun pun Mayang | lumêbêt marêk nah anggèr | sumêdya ngabdèng kusuma | ratu mas lon ngandika | sarta nyandhak asta gupuh | siludhês kagungan manah ||

55. rahadèn aris derangling | tan nêdya purun bandara | saking tinimbalan anggèr | yêkti ajrih acêlaka | apan dede sasama | ywan ingajaningajak. yakti purun | nadyan gusti yèn winênang ||

56. ratu mas nganthi kang linggih | malêbêt ing pasarean | mênga tumangkêb samire | kang pawongan tan uninga | sampun sirêp sadaya | ratu mas dhatêng kang kayun | pan tan ana tinanaha ||

57. yèn siyang anggung aguling | yèn ratri gung pulangraras | kacarita ing lamine | Radèn Pabelan wanuhnya | lan sang rêtna nèng pura | kacatur pan tigang dalu | kang sawanèhsawênèh. tigang dina ||

58. ratu mas sêkaring puri | asare pangkwaning priya | ri sampuning akarêsmèn | Radèn Pabelan tinanyan | sinambi gêgujêngan | kakang atêtanya ingsun | pundi marga manjing pura ||

59. rahadyan aris nauri | punapa ratu andika | têtakèn ing lêbêt ingong | marginingwang pinariksa | sok sampun wontên wikan | pan botên pinada langkung | watêk ngong yèn darbe karsa ||

60. ratu mas sigra dènnyangling | mila ulun atêtanya | manawa cuwa tyas ingong | ênggèn ingsun angawula | kakang dhatêng ing dika | yèn lampahira dinangu | pasthi kawula kang cuwa ||

61. panêdha ulun [u...]

--- 5 : 58 ---

[...lun] puniki | kakang ing lampah andika | mula tulus sasêdyane | yèn tulus lampah andika | pasthi tulus kawula | ênggèn angèngèr wong bagus | anèng nagara ing Pajang ||

62. ratu mas ingêmban aglis | sarya ingaras lathinya | sapa iki kang aduwe | gusti kang bêkti ing priya | sasotyane ing Pajang | kang murbèng jroning kadhatun | gustinipun pun Pabelan ||

63. ingaras awanti-wanti | ratu mas ngladosi karsa | watêk dyah nêlas balège | kakung sêmunya ing karsa | lwir ancur munggwèng papan | rakêting dyah lawan kakung | mangkana upamakêna ||

64. Radèn Pabelan lingnyaris | maring dyah sasotyèng pura | anggèr mendahane têmbe | upamakêna ngadagang | bathinya putra lanang | kang bagus lir yayahipun | mendah katura jêng sultan ||

65. kusumèng pura sirangling | myang sira Radèn Pabelan | kadya punapa wêkase | ing lampah lami nèng pura | daya yèn kajambara | tan kawatir manah ingsun | inggih yèn sampun kajambar ||

66. Radèn Pabelan lingnyaris | anggèr radèn kajambara | andhatêngana dukane | gusti môngsa ngong gingsira | nadyan tumêkèng pêjah | atadhah dêdukanipun | ing ramanira jêng sultan ||

67. mila kakang sampun lami | wontên sajroning kadhatyan | manawi wontên kang anon | nadyan wontêna uninga | yèn sampun sultan lila | tan kawatir manah ingsun | atut Rahadèn Pabelan ||

68. nanging kakang

--- 5 : 59 ---

wangên mami | sapêkên ana ing jaba | aja lawas-lawas bae | kakang tan abêtah pisah | kakang lawan andika | sang dyah medyane rinangkul | pan sarwi ingaras-aras ||

69. iya ingsun mêdal gusti | anggèr mêngko wayah apa | rahadyan sêkar kadhaton | nauri sarya ingaras | wayahe mangkya kakang | bakda ngisa wayahipun | iya mundura ngong mêdal ||

38. Durma

1. sigra mêdal sira Rahadèn Pabelan | sampun amatêg aglis | kang ismu sadaya | kang wong langlang tan wikan | lampahe radyan gya prapti | pinggir sagaran | riwut pêtênging ratri ||

2. agya dhatêng pinggir banon agêng radyan | marganira duk manjing | rahadèn saksana | èsmu wuruking rama | gya winatêkakên aglis | banon ingusap | tan kêna obah nênggih ||

3. èsmunira ping kalih matêk ping tiga | pamatêkira nênggih | banon tan kênobah | pêgêl tyasira radyan | mangkana ngartikèng ati | radyan angrasa | yèn kalêbèng piranti ||

4. yèn angucapa sira Radèn Pabelan | nadyan tumêkèng pati | mangke awak ingwang | aja mati priyôngga | matia kalawan putri | sêkar kadhatyan | nulya wangsul siraglis ||

5. duk samana rahadyan sêkaring pura | apan dèrèng aguling | nulya lampahira | radyan prapta ing natar | lajêng malêbêt siraglis | ing pasarean | radyan maksih alinggih ||

6. gya sinapa de radèn sêkaring

--- 5 : 60 ---

pura | kakang pagene bali | lah wontên punapa | baya wontên wong langlang | Radèn Pabelan nauri | dhuh gustiningwang | tan bêtah pisah gusti ||

7. yèn sidaa pasthi pêjah raganingwang | mulane yayi bali | nulya kang pawongan | pan samya amiyarsa | sakyèh pawongan samyangling | bekane ingwang | mirsa kakung swarèki ||

8. kakung uga kang kapirsa iki iya | apocapan lan gusti | apêjah ratu mas | bekane acarita | kang sawiji anauri | durung miyarsa | ratu mas caritèki ||

9. yèn mangkono bekane lah nyatakêna | swara kapirsa iki | apan sun watara | ngêndi ana carita | kalih dalu ora uwis | lajêng ratu mas | kawan dalu tan mijil ||

10. yèn gustimu bekane oliha bedhang | wong patang puluh iki | pasthi pinêjahan | dening Jêng Sultan Pajang | rarêksan kalêbon sandi | yèn tan matura | kayapa dayanèki ||

11. payo matur manawa ta kadhiminankadhinginan. | sira mring wong tamtami | ora wande pêjah | sira kalawan ingwang | payo bekane dèn aglis | matur mring sultan | nulya malajêng sami ||

12. praptanira ngajêngan para parêkan | sami konjêm ing siti | sarêng aturira | mring Kangjêng Sultan Pajang | ngaturakên pati urip | sultan kawula | tiwas ngrêksa ing gusti ||

13. sigra mojar Sultan Pajang ing parêkan | tiwas apa sirèki | ngrêksa gustinira | parêkan matur samya | kawula kalêbon [kalêbo...]

--- 5 : 61 ---

[...n] sandi | nênggih kang aran | pun Pabelan sang aji ||

14. sarêng mirsa sultan aturing kawula | jaja lir mêtu agni | kumêdut kang lathya | tingal andhik lwir surya | ujwala lir wora-wari | wadananyabang | cihna duka dhatêngi ||

15. hèh parêkan timbalana wong tamtama | sakèri kanan aglis | padha kita kona | mawa sapanêkarnya | parêkan lampahe aglis | praptèng pasowan | wong tamtama kapanggih ||

16. hèh priyayi tamtama nêdha ngandikan | malêbêt ing jro puri | jajar dèn gawaa | lah anêdha dèn enggal | parêkan lampahnya ngarsi | praptèng ngajêngan | umatur ing narpati ||

17. atur uninga sultan lampah kawula | animbali kang abdi | tamtama sadaya | srimanganti wus prapta | sultan ngandika dèn aglis | lah lêbokêna | parêkan glis nimbali ||

18. Ki Ngabèi Wiratanu lah ngandikan | kalayan Ki Ngabèi | Surakarti dika | kalih pan sampun prapta | ngajênganira sang aji | sultan ngandika | maring Ki Surakarti ||

19. Surakarti hèh Wiratanu ta sira | patènana dèn aglis | kang anèng jro pura | banthèng sungu kancana | kang anyudhang putri mami | pacuwan sira | dèn mati padha mangkin ||

20. Surakarti Wiratanu kang dèn bakta | sadasa sisih sami | pan sigra lumampah | kaputrèn wus kinêpang | nulya linêbêtan aglis | mantri satunggal | dalême sang sudèwi ||

21. parêkannya ratu mas wus winangsitan | pan sami

--- 5 : 62 ---

kesah aglis | ratu mas sêmana | kantun arêrangkulan | radèn ayu angapithing | dhatêng kang raka | wus sêdya barêng mati ||

22. ki ngabèi ningali kangjêng ratu mas | nulya mundur siraris | sami parêmbagan | hèh kônca kaya ngapa | gènira narajang iki | kangjêng ratu mas | datan bênggang sanyari ||

23. Ki Ngabèi Surakarti nulya ngucap | lah mêngko ta dèn ririh | nanging wêkas ingwang | samôngsa ngong watuka | nulya malêbua sami | aja kalaya | kabèh sakônca sami ||

24. Ki Ngabèi Surakêrti sigra mangkat | malêbêt sira aglis | aris dènnya ngucap | anak ingsun Pabelan | tingalana ingsun iki | Radèn Pabelan | miyak samirirèki ||

25. anak ingsun lamun sira têkèng pêjah | pun paman kang belani | pan ingsun winênang | sarupane jro pura | sultan wus pracayèng mami | wong dosa pêjah | yèn ingsun kang malangi ||

26. apan ingsun pinarcayèng kangjêng sultan | jêjaluka sirèki | payo sutaningwang | kang tumênggung pracaya | mapan ingsun wus winêling | mring ramanira | ya polahira iki ||

27. Radèn Pabelan dêlalahe yèn pêjah | têka ngandêl sirèki | nulya sira wudhar | sarwi sira angucap | radèn ayu ingsun mijil | lah uculêna | mas ngabèi naguhi ||

28. mas ngabèi wus winêkas maring rama | dening tingkah ngong iki | nulya radèn mêdal | miyos ing palataran | sêdyane

--- 5 : 63 ---

radèn ngujungi | dhumatêng sira | Ngabèi Surakêrti ||

29. sarêng dhêku kang wingking sira narajang | sarêng pasuduknèki | radèn kaprajaya | datan kongsi sêsambat | kapisanan nuli mati | arang karanjang | kaninira nêmbusi ||

30. sampun mati binuwang kali Lawiyan | kang rama tan mirsèki | pan ganti rong dina | tumênggung dènnya mirsa | yèn kang putra sampun mati | pan sinudukan | sampun binuwang kali ||

31. sêsampune pêjah Rahadèn Pabelan | anuli dèn timbali | Ki Tumênggung Mayang | dinukan kangjêng sultan | arsa tinundhung tumuli | marang Samarang | ingajap dhandhanggêndhis ||

39. Dhandhanggula

1. dyan punika kang winuwus malih | garwanira Ki Tumênggung Mayang | nênggih punika arine | Senapati punikapuniku. | pun Tumênggung Mayang pan mantri- | nira sultan ing Pajang | pan olèh bêbêndu | tinundhung marang Samarang | mantri sèwu punika ingkang angiring | mangkat maring Samarang ||

2. Tumênggung Mayang wau kang èstri | andutakkên ambêkta nawala | praptèng ing Mataram age | lumêbêt ing kadhatun | mangsah cundhuk lan Senapati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | nuli ngaturakên layang | tinanggapan ing Senapati Matawis | layang nulya winaca ||

3. pèngêt kakang Senapati mami | olèh dukanira kangjêng sultan | pan kinesahkên ing mangke | Samarang karsanipun | mantri Pajang ingkang angiring | sèwu gêgamanira | padha sirèng ngêpung | ulun punika yèn kêna | abdèkêna

--- 5 : 64 ---

sumawita ing Matawis | sampun lyan pangawulan ||

4. layang sampun wau sinasuwir | ingkang jaja upama tambaga | apracihna sru dukane | lathinira kumêdut | mukanira lwir wonga-wariwora-wari. | ujwalanya baranang | kotbuta dinulu | Senapati ing Ngalaga | tingalnyandik ujwala apindha api | rêrêp sakwèhing wadya ||

5. Senapati ing Ngalaga angling | hèh samitra mantri pamajêgan | sami ngong têdha damêle | mantri kang patang puluh | hèh rêbutên sadulur mami | yayi Tumênggung Mayang | mêtua ing Kêdhu | rêbutên sagon kêpapag | nulya sami sinangonan ingkang mantri | pamajêgan sadaya ||

6. jarijinya kinêbakan singsim | myang sêsotya kancana punika | gêbyar-gêbyar ujwalane | sêsotyanya bra murub | muncar warna lwir lintang ngalih | gumêbyar kadya kilat | asri yèn dinulu | asih sêtya ing wanodya | pracinane rêtna widigdèng pawèstri | dunya tinohan pêjah ||

7. mantri kawan dasa angabêkti | pan sakèhe panarkane nala | mangkana ing sasmitane | baya mangke anaur | ulun iki inggih ing gusti | tugêle jangganingwang | ulun praptèng lampus | pan panaur ingsun kurang | kêkathahên dananipun gusti mami | saurên de Hyang Suksma ||

8. mantri pamajêgan sigra amit | kadya mêsat sarêng nunggang kuda | mantri patang puluh kèhe | anandêrakên mamprung | desa Kêdhu dipun dalani | prapta ing Jatijajar |

--- 5 : 65 ---

wong Pajang kapangguh | dèn amuk de wong Mataram | mantri Pajang dêdamêl sèwu angisis | malaywa rêrangkangan ||

9. mantri pamajêgan dènnya jurit | ing tandange lir macan ambabal | sarwi angêmbat watange | lumampah rampak ngamuk | maksih manggung luhur turanggi | wadya Pajang kacandhak | tinigas kang gulu | sirah winotkên ing jaran | mantri catur dasa padha kuthah gêtih | padha kadi rinêngga ||

10. Ki Tumênggung Mayang pan wus kêni | dening mantrinira pamajêgan | patang puluh wau kèhe | wong Pajang kèhe sèwu | sami mulih sisaning mati | lumaywa asasaran | praptèng ngalun-alun | tumama ing ngabyantara | sigra cundhuk Sultan Pajang nèng jro puri | kampita sira mulat ||

11. mantri Pajang matur sarya nangis | pun Tumênggung Mayang pan rinêbat | ing Jatijajar prênahe | wadya sèwu ingamuk | dening duta wadya Matawis | kathahe kawan dasa | kêkapalanipun | ingamuk nginggiling kuda | wadya Pajang tinigas janggane kêni | Tumênggung Mayang kêna ||

12. wadya Pajang sakantune mati | pan lumayu sami sowang-sowang | ulun pan tiwas ing gawe | wadya Pajang atakut | datan moga puliha malih | Sultan Pajang ngandika | pan wis nyata iku | Senapati ing Mataram | pambalike dene amurwa ing jurit | lah payo linurugan ||

13. wus angrasuk busana ngajurit | dhuwung anyuriga lapis tiga | wau ika rasukane | maliho wus rinasuk |

--- 5 : 66 ---

bêbarkatan kang dhingin-dhingin | jimat têtambalangan | tiningalan murub | kaprawiran ing ngayuda | Sultan Pajang angandika dhatêng mantri | payo mangkat ayuda ||

14. Sultan Pajang sigra nitih èsthi | pan ingiring dening wadyabala | kêrig mantri santanane | lêlayu umbul-umbul | endhe tamèng kalawan bêdhil | tumbak putih lan binang | trisula lan ganjur | towok kolêm lawan panah | myang suligi punang lêmbing amarapit | lwir kilat abarungan ||

15. mantri Pajang abusana asri | abêbadhong têtopong kancana | kêbêk singsim darijine | ajêjamang kêkalung | akulambi sangkêlat abrit | wanèh kulambi bapang | analèn baludru | ana maliho myang sutra | ingkang sorah sari sinongkèt mas adi | akêre gêgênderan ||

16. warnanira lwir prawata sari | alêlaku angêbêki papan | Sultan Pajang makuthane | cinawi intên mancur | lwir baskara ujwala ngênting | sang hyang arka kasoran | ing ujwalanipun | kucêm asru lêwih merang | ujwalanya sinama wus ambadhingi | lan sênêning makutha ||

17. Sultan Pajang agya sira prapti | pasanggrahane ing Parambanan | anuli baris kubênge | Senapati amêthuk | Randhulawang dènnya abaris | pêpêk saglar sapapan | wong dhomas akumpul | mèh surup sang hyang raditya | Arya Jômba pêpitu mantri Matawis | nabuh bêndhe pun Bicak ||

18. Gunungkidul gènipun miyosi |

--- 5 : 67 ---

tinumpukan kayu pan jinajar | sapambêdhil lêlongkange | sarêng ingobong murub | bêndhenira pun Bicak muni | angangkang kadi gêlap | ing kasanganipun | swarane lwir anèng tawang | Sultan Pajang amirsa pun Bicak muni | tyas kampita gya mojar ||

19. hèh prawata kidul sun tingali | dadi gêni unine Si Bicak | angangkang lêwih swarane | wong Mataram ngong dulu | kadya mêtonana puniki | gurnitanira ika | kadya gunung rubuh | Adipati Tuban mojar | hèh sang nata amêmêdèni wong cili | dening tuwan ngandika ||

20. ing tarkane ing ulun puniki | maksih wani yèn adunên aprang | lan kakang Senapatine | wong tamtama puniku | ulun gawok lamun ajurit | pan widêgdawidigda. arosa | lan atêguh-têguh | anyêkêla kapal kêlar | mêjahana Senapati ing Matawis | wong kawan dasa kêlar ||

21. Sultan Pajang angandika aris | sutaningong Adipati Tuban | aja sira wani age | Senapati amungsuh | wruhanira wus têkèng jangji | ngalih cahya nurbuwat | Senapati mêngku | ing tanah Jawa sadaya | pan aseba ing Senapati Matawis | iku ingkang tumômpa ||

36. Sultan Pajang seda, dipun gêntosi putra mantu, Adipati Dêmak.

22. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | Ki Juru Martani age | nuli sira amuwus | hèh

--- 5 : 68 ---

Ki Senapati Matawis | kadipundi rèhira | mapan ora wurung | amêngsah ing Sultan Pajang | pira dohe lêt umpak kari sawêngi | benjang yèn sira aprang ||

23. ulun iki lêwih saking isin | anon mukane mantri ing Pajang | yèn nêmpuha ing jurite | dening bapa myang sunu | silih ungkih dening ajurit | Senapati gya mojar | kadyapa puniku | rèhira kang linampahan | ulun iki anut ing karsanirèki | jarwanana rèhira ||

24. Kyai Juru Amartani angling | yèn sambada lawan karsanira | uni ika samayane | kalawan Nyai Kidul | uwis sêdhêng mangke tinagih | kalawan kang kayangan | Marapi ing gunung | ing nguni pan asamaya | maring ingsun ing mangke yêkti ngong tagih | mangke pan adhatêngan ||

25. Senapati ing Ngalaga angling | nulya angadêg tumêngèng tawang | angèstokakên jangjine | kalawan Nyai Kidul | nulya umyus mêsat ing langit | bayu-bajra narajang | sêmpal kayu êrug | pracandhanya amarapal | prapta udan kumêrug awor lan angin | pratôndha yèn jin prapta ||

26. tan antara surak anèng langit | gurnitanya kadi langit rêbah | kadya gunung guntur kabèh | prakatha padha umung | antaraning wukir Marapi | nauri nulya bêngkah | kawah gumaludhug | udan awu ingkang prapta | gumalundhung watu wadhaspadhas. lan karikil | longsor ladhu lumampah ||

27. watu agêng kathah kang winarni | sarêng ladhu anèng kali [ka...]

--- 5 : 69 ---

[...li] Umpak | angili ngisor parane | pan sami cêcalathu | hèh wong batur kang gêdhi cili | sira iki ngandikan | amapaga mungsuh | apan ana Parambanan | Sultan Pajang yeka mungsuhira jurit | sawêngi kalahêna ||

28. Sultan Pajang miwah ingkang mantri | kagegeran dening ladhu minggah | narajang pasanggrahane | bala Pajang lumayu | sowang-sowang arêbut urip | anarka yèn kiyamat | dene watu nêmpuh | pasanggrahan pan dharatan | nora layak watu ladhu angunggahi | padha bisa angucap ||

29. Sultan Pajang balane angisis | apan sirna saha sanjatanya | binongkok binêkta mulèh | Sultan Pajang glis mundur | ing Gilingan dènnya miranti | laju maring Tambayat | karsane angujung | kunci sinorog tan kêna | Sultan Pajang angujung saking ing jawi | sawusira gya mojar ||

30. hèh sang kunci apa ta karaning | lawang gêdhong sinorog tan kêna | pun kunci alon ature | pan jênêngira prabu | tan winênang dening Hyang Widi | tinampik jênêng tuwan | dening kang tinunggu | wong mati parêk ing Suksma | cahyanira nur ing rat pan wus angalih | anèng Raja Mataram ||

31. Sultan Pajang sandeya ing mati | amiyarsa tuture wong tuwa | anulya sira asare | ana ing bale kêncur | salawase dènnya aguling | dèrèng kadi punika | kanikmatanipun | nuli wungu dènnya nendra | adan mundur Sultan Pajang nitih èsthi | lumampah [lu...]

--- 5 : 70 ---

[...mampah] tibèng dalan ||

32. nulya sultan tandhu dèn titihi | lajêng gêrah sarira sadaya | dadya arêmbên lampahe | Senapati angrungu | lamun sultan gêrah ing margi | Senapati anabrang | kali Umpak laju | ambêkta wong kawan dasa | kêkapalan narka ngatêrkên sang aji | bubar baris Mataram ||

33. wadya Pajang miwah ingkang mantri | padha kagèt dènira umulat | Senapati nusul age | untap-untapan sampun | para putra matur sang aji | Senapati Mataram | katingal anusul | ambêkta wong kawan dasa | watawise yèn sawawi lan sang aji | pinapag winangsulan ||

34. Senapati wadyabala kêdhik | apan sora ulun apêranga | dening wadya ulun akèh | Sultan Pajang amuwus | sutèng ulun kabèh sirèki | aja sira anarka | sora padha mungsuh | Senapati ing Ngalaga | kakangira gêgêntiningsun yèn mati | sanak tuwa sinêmbah ||

35. kakangira Senapati iki | ngatêrakên ing ulun punika | dening asangêt marmane | apan wruh gêrah ingsun | pratandhane lêwih gumati | adarbe wong atuwa | abêkti maringsun | ing benjang sapungkur ingwang | ingsun lalis dèn atut sira ing benjing | kalawan kakangira ||

36. yèn sira atut lan Senapati | ingsun lina jênêngira nata | Senapati kang agawe | pan iku gêntiningsun | kakangira Ki Senapati | lamun sira sawala | mring gêgêntiningsun | yakti tan jumênêng [jumê...]

--- 5 : 71 ---

[...nêng] nata | yèn sun lalis sanak tuwa angamini | ilang jênêng kawuryan ||

37. Adipati Banawa tan angling | amiyarsa tuture kang rama | miwah têka santanane | umung anèng dêlanggung | pan sinêlêksinêrêk. lakuniraglis | prapta nagarèng Pajang | tumamèng kadhatun | Senapati ing Ngalaga | pamondhokan desa Mayang iku nênggih | lawan sabaturira ||

38. Sultan Pajang amiyarsa mangkin | yèn kang putra mondhok desa Mayang | nulya aputusan age | duta prapta umatur | Senapati kita dèn sèngi | dera manira Sultan | tumamèng kadhatun | Senapati sigra mojar | hèh sang duta matura maring sang aji | amit ulun katuran ||

39. amit mangkin nanging boya mulih | ulun iki nganti karsaning Hyang | aturêna dipun age | dutanira pan wangsul | mring jro puri cundhuk sang aji | matur mring Sultan Pajang | Senapati nêkung | maladi samadiningrat | desa Mayang wayah têngah dalu mangkin | pun juru taman prapta ||

40. amêng-amêngane Senapati | gêdhenira pan sagunung anak | mêndhêg ngalosod ngarsane | pan juru taman matur | Senapati tuwanku singgih | manawi darbe karsa | angrabasèng prabu | ing Pajang ulun lumampah | wêjahpêjah. gêsang pan ulun ingkang nglêboni | tuwan kantun awirya ||

41. Senapati ing Ngalaga angling | juru taman ulun atarima | ing pracayanira age | ulun tan darbe kayun | ing sakarsanira umiring | juru taman anêmbah | anulya

--- 5 : 72 ---

tumanduk | malêbêt maring kadhatyan | Sultan Pajang kapanggih gêrah alinggih | binithi jajanira ||

42. Sultan Pajang kantaka gumuling | tinangisan dening para graha | tanapi putrane kabèh | aramya gumarunggung | sarêng enjing sultan anglilir | saya sangêt kang gêrah | Senapati iku | sakathahe wong Mataram | pinundhutan padha atuku salasih | tinumpuk lawang kulwan ||

43. Senapati Ngalaga siniwi | kacarita ana desa Mayang | tigang dalu tri dinane | nulya mulih pan sampun | mring Mataram kocap ing wuri | Pangeran ing Banawa | sigra dènnya matur | hèh rama putra paduka | Senapati wong Mataram dèn pundhuti | salasih sami tumbas ||

44. apikulan agotongan sami | amêmondhong dèn tumpuk sadaya | ing lawang sakèthèng kilèn | Sultan Pajang amuwus | kakangira Ki Senapati | sangêt gumatinira | darbe rama mringsun | pratandhane sih-sinihan | pan waspada sutèng ulun Senapati | yèn ulun mèh palastra ||

45. tan antara sultan angêmasi | para putra nungkuli sadaya | tanapi para garwane | miwah mantri tumênggung | pêcatôndha lan angabèi | rôngga lan pandêlêgan | kandhuruhanipun | wadu aji para dêmang | lawan malih rabine padha anangis | gurnita lwir ampuhan ||

46. Adipati Banawa sigrangling | hèh sakèhe para mantri Pajang | ingsun anjaluk rêmbuge |

--- 5 : 73 ---

ulun kinèn apatut | wawêkase swarga sang aji | Senapati Ngalaga | putra kang asêpuh | kang rama apan wis tilar | prayogane Senapati sun aturi | pinajar sultan seda ||

47. sajan gêlêm tan gêlêma mangkin | apan iku sanak ingsun tuwa | pan ramaji gêgêntine | dununge sêmbah ingsun | mantri Pajang kabèh umiring | dutaniraglis mangkat | ing Mataram rawuh | tumama maring kadhatyan | wus kapangguh anêmbah ing Senapati | duta atur uninga ||

48. rama paduka kangjêng sang aji | Sultan Pajang ing mangkya wus seda | ulun punika kinèngkèn | dening rayi pukulun | Adipati Banawa nênggih | jêngandika katuran | mring Pajang puniku | inganti aniramana | ing layone ramaji sultan anênggih | maksiha gilang-gilang ||

49. Senapati sigra dènnya nitih | kudanira anandêr anyongklang | nulya rawuh Pajang age | tumama ing kadhatun | Senapati nangis ing ati | anuli sinungkêman | padane sang prabu | tan beda kala agêsang | ing bêktine Senapati ing Matawis | dhatêng Sultan ing Pajang ||

50. kayang nulya siniraman sami | wus kinèn nêmbahyangakên pisan | sampunnya binêkta age | pinêtêk sirèng Butuh | nulya sami maca talêkim | andonga sampun tamat | nulya sami mantuk | wus rawuh nagari Pajang | sampun pêpak sagunging pandhita aji | muwah putra sadaya ||

51. Susunan Kudus sigra dènnyangling | hèh sakèhe [sakèh...]

--- 5 : 74 ---

[...e] para mantri Pajang | putra sapa prayogane | ingkang gumanti ratu | kang jumênêng Pajang nagari | mantri Pajang sadaya | ri saksana matur | yèn sawawi lawan tuwan | Adipati Banawa yogya gêntèni | putra jalu sajuga ||

52. Susuhunan ing Kudus nulyangling | tan sambada lawan karsaningwang | Adipati Banawane | pan iku kawon sêpuh | lan Dipati Dêmak puniki | apan iku kang tuwa | jumênênga ratu | iya èstri ingkang putra | Sultan Pajang kang lanang putranirèki | adipati ing Dêmak ||

53. nadyan mantu yogya dadi aji | dening wadon lawan lanang ika | karo têrah kusumane | Dipati Bênawèku | sampun winarisan nagari | iya nagari Jipang | wasiyat kang lampus | yogya miyanga ing Jipang | awismaa mapan jumênênga aji | ing Jipang asebaa ||

54. Senapati mangkya turun angling | gya sinaru Kyai Juru mojar | aja sira cawe-cawe | Senapati gya mundur | Kyai Juru amêmarahi | Senapati Ngalaga | aja turun wuwus | karêpe wong asêsanak | silih ungkih padudon rêbat nagari | dadia papêrangan ||

55. lêhêng sira mêmulea dikir | lan sidhêkah angalab sêsawab | ing lêluhur para kabèh | ing Mataram pan agung | atanapi bêras lan pari | banthèng kidang manjangan | ing Mataram agung | amaggunga akasukan | ing Mataram wismanira pan abêcik | aja narka ing Pajang ||

56. Senapati ing Ngalaga mulih | ing Mataram lami tan kawarna |

--- 5 : 75 ---

ing Pajang kocapa malèh | Dipati Dêmak mantu | kang gêntosi jumênêng aji | Dipati ing Banawa | wisma Jipang tulus | pandumira mantri Pajang | pinratiga rong duman pinundhut mangkin | maksih ingkang saduman ||

57. kang rong duman pinaringkên sami | mring mantri Dêmak wadyanya lawas | sami jinunjung linggihe | ana jênêng tumênggung | pêcatôndha lawan ngabèi | pandêlêgan lan rôngga | kandhuruhan iku | tôndha mantri lawan dêmang | mantri Dêmak sadaya jinunjung linggih | awisma anèng Pajang ||

58. mantri Pajang akèh rusak ati | dèn êlongi gêgadhuhanira | padha ala pangucape | anaa mungsuh rawuh | dèn rasakna ing Pajang iki | katuwone wak ingwang | tininggal ing ratu | kaliwat dening alara | kwèh durjana ing Pajang bêngi kwèh maling | yèn rina wong bêbegal ||

59. mantri Pajang kabèh padha mar ing | manahira pan rusak sadaya | maring ratune kang mangke | apan têlênging kayun | Senapati Ngalaga ugi | mantri Pajang kang lawas | pangalasan sèwu | utusan maring Mataram | lampahnyage asêsandêran wus prapti | nagara ing Mataram ||

60. duta mangsah tumama ing puri | kapangguh Senapati Ngalaga | duta marêk nêmbah age | palungguhe abukuh | sigra matur mring Senapati | ulun mapan kang duta | pangalasan sèwu | atur uninga paduka | rayi tuwan Dipati Dêmak ing mangkin | anitihi byantara ||

61. mantri Pajang padha yun ambalik | datan [da...]

--- 5 : 76 ---

[...tan] eca gènipun ngawula | dhatêng ratune kang mangke | gêgadhuhan pinundhut | mantri Pajang sadaya sami | kang rong duman dalêman | sadaya kang kantun | marmine giwang kang manah | Pajang rusak yèn dalu garigis maling | rintên arêbat sawah ||

62. lan manawi pukulun puniki | darbe karsa angrabasèng Pajang | mapan dawêg mupung mangke | ing paos arubiru | datan wontên têlênging ati | wadya Pajang sadaya | pan namung pukulun | samôngsa tuwan mijila | jawi kitha mantri ing Pajang ambalik | umiring ing paduka ||

63. Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu mangke | atarima ing ulun | ing pracayanira puniki | ulun dèrèng anarka | lêwih takdiripun | angrabasèng maring Pajang | pirabara donganing wong sanagari | rusake ari Dêmak ||

64. lamun ingsun kinon ing Hyang Widi | apan gampang lawan karsaning Hyang | Dipati Dêmak rusake | yèn kinarsakkên iku | dening Suksma jumênêng aji | ari Dipati Dêmak | mapan ora ewuh | tan kêna sêdya ngrusaka | dening janma nugraha lara lan pati | pasthi darbening Suksma ||

37. Nagari Pajang dipun bêdhah dhatêng Panêmbahan Senapati. Sultanipun dipun wangsulakên dhatêng Dêmak. Pangeran Banawa jumênêng sultan ing Pajang.

65. wontên ta ingkang winuwus malih | kang kocapa Pangeran Banawa | kang anèng Jipang kithane | dibya glana tyasipun | duk angungkung napsu tan gingsir | lumampah kasutapan | lali pangan [panga...]

--- 5 : 77 ---

[...n] turu | nalika ayun aboga | lamun ana sisan kawula binukti | tibèng lêmah dhinahar ||

66. prapta dènira samadi êning | anaritis unggyanira nendra | datan kauban wangone | wayah ing têngah dalu | ana swara kapirsa nênggih | datan ana rumêksa | wêgilên puniku | pan dadi sarananira | kakangira Senapati ing Matawis | tan ana sarana lyan ||

67. sarêng ilang swara nulya tangi | Adipati Banawa gya mojar | duta sira pan sun kèngkèn | wêgilên saranèku | Senapati anèng Matawis | aturana dènira | duta gya tumanduk | anulya praptèng Mataram | dyan tumama ing abyantara kapanggih | Senapati Ngaloga ||Ngalaga.

68. duta Jipang nêmbah matur aris | gusti lampahing ulun punika | adhapur ulun kinèngkèn | dening rayi pukulun | Adipati Banawa nênggih | jêng paduka ngaturan | ing Pajang anêngguh | tuwanku sutaning sultan | alinggiha ing Pajang jumênêng aji | punika ingkang karsa ||

69. Kyai Agêng Senapati angling | hèh sang duta lah sira matura | maring ariningsun age | apan ingsun tan waruhwêruh. | sakarsane rêbat nagari | kalawan kakangira | mapan wangênipun | ulun iki winarisan | ing Mataram de rama sultan ing nguni | ingsun têtêpa uga ||

70. ri sang duta sigra nêmbah amit | sêsandêran mulih maring Jipang | wus rawuh ing kadhatone | cundhuk lan gustinipun | duta matur wêkase uni | Senapati punika | mapan wis tinutur | Pangeran [Pange...]

--- 5 : 78 ---

[...ran] Banawa mojar | hèh sang duta balia sirèng Matawis | ing Pajang aturêna ||

71. duta mêsat lampahe lêstari | ya ta wangsul dhatêng ing Mataram | tumama ing kadhatone | Senapati kapangguh | ri sang duta manêmbah angling | gusti amba punika | pan kinèn awangsul | dening ta rayi paduka | apan tuwan amêksa dipun aturi | dening ta rayi tuwan ||

72. Adipati Banawa anênggih | ingkang karsa ing Pajang punika | datan suka ing manahe | kang raka madêg ratu | pan kawêling sultan ing nguni | adipati ing Dêmak | umadêga ratu | lamun andika tan karsa | jênêngakên rayi ta madêg narpati | lêhêng rêke pêjaha ||

Lajêng nyandhak jilid: 6.

--- 5 : [0] ---

Isinipun

31. Senapati miluta manahipun para mantri pamajêgan ingkang badhe asok bulu bêkti dhatêng Pajang. (Dhandhanggula). ... kaca 12

32. Senapati kadhawahan lintang sarta kapanggih kalihan Nyai Rara Kidul. (Dhandhanggula, Mijil). ... kaca 20

33. Sunan Kali rawuh dhatêng Matawis, maoni padalêmanipun Panêmbahan Senapati. (Dhandhanggula). ... kaca 36

34. Sultan Pajang utusan dhatêng Mataram, nyatakakên punapa èstu Senapati badhe malik tingal. (Dhandhanggula). ... kaca 38

35. Radèn Pabelan. Tumênggung Mayang dipun tundhung dhatêng Samarang, lajêng dipun rêbat dhatêng Senapati. (Asmaradana, Durma, Dhandhanggula). ... kaca 49

36. Sultan Pajang seda, dipun gêntosi putra mantu, Adipati Dêmak. (Dhandhanggula). ... kaca 67

--- 5 : [0] ---

37. Nagari Pajang dipun bêdhah dhatêng Panêmbahan Senapati. Sultanipun dipun wangsulakên dhatêng Dêmak. Pangeran Banawa jumênêng Sultan ing Pajang. (Dhandhanggula, Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 76