Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06)

Katalog:Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024
Sambung:
1.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1010.
2.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1011.
3.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1012.
4.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1013.
5.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1014.
6.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1015.
7.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1016.
8.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1017.
9.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1018.
10.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1019.
11.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1020.
12.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1021.
13.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1022.
14.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1023.
15.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1024.
16.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1025.
17.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1026.
18.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1027.
19.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1028.
20.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1029.
21.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1030.
22.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1031.
23.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1032.
24.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1033.
25.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1034.
26.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1035.
27.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1036.
28.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1037.
29.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1038.
30.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1039.
31.Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kisah, Cerita dan Kronikal | Babad Tanah Jawi #1040.

Serie No. 1289e

Babad Tanah Jawi

Jilid: 6

Panêmbahan Senapati jumênêng ratu ing tanah Jawi, lajêng nêlukakên para adipati ing Bang Wetan

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 6 : [1] ---

...

--- 6 : [2] ---

Wêwênangipun Ingkang Ngarang Kaayoman Miturut Anggêr Ingkang Kapacak Ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 6 : [3] ---

Nagari Pajang dipun bêdhah dhatêng Panêmbahan Senapati. Sultanipun dipun wangsulakên dhatêng Dêmak. Pangeran Banawa jumênêng Sultan ing Pajang.

73. lêhêng tuwan gumantia aji | adarbea nagari ing Pajang | sineba ing wadya kabèh | suka rayi pukulun | lamun tuwan jumênêng aji | pantês putra kang tuwa | jumênênga ratu | rayi paduka andonga | lamun ipe Dipati Dêmak kang dadi | lêhêng tumêkèng pêjah ||

74. Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta mangkono kang karsa | yayi mas Banawa mangke | têmu pèk karsanipun | nagarane ing Pajang iki | duta sira matura | marang ariningsun | Adipati ing Banawa | ngong aturi pinarêka ing Matawis | Gunungkidul miyosa ||

75. ri sang duta sigra nêmbah amit | lampahira kudane angêrap | dyan prapta Jipang lakune | tumama ing kadhatun | adipati nulya kapanggih | duta matur anêmbah | pangeran tuwanku | ingkang karsa rakandika | jêngandika pinarêka ing Matawis | saha wadya ywa brôngta ||

40. Asmaradana

1. Pangeran Banawa aglis | enjing saksana umangkat | saha bala ngiring kabèh | rêmbên ing baris lampahnya | Ardikidul marganya | datan kawarna ing ênu | desa ing Wêru wus prapta ||

2. kawarnaa Senapati | wus amêpêk wadyabala | gya umangkat sabarise | amapag ing arinira |

--- 6 : 4 ---

nama Pangran Banawa | ya ta praptèng desa Wêru | wus sami amêmondhokan ||

3. Senapati wus apanggih | myang ari Pangran Banawa | sarêng panggih sapatêmon | sami kangên rêrangkulan | ri sampun ing mangkana | ya ta kasaput ing dalu | nulya sami masanggrahan ||

4. samya gunêm glar ing jurit | nagri Pajang kang kocapa | wus kasub ing pawartane | lamun Dipati Banawa | akanthi Senapatya | arêmbag anunggil kayun | arsa rumabasèng Pajang ||

5. mantri Pajang tyas umiris | wanèh kathah suka manah | kang sami sakit galihe | mangkana pangucaping tyas | ing mêngko malês ingwang | mring wong Dêmak angkuhipun | bênêr Pangeran Banawa ||

6. pan iku kang duwe waris | jumênênga Sultan Pajang | yèn mangko uwis mangkene | pangran kanthi Senapatya | pasthi abot sinôngga | dening sêktining prang pupuh | ing jagat pilih tandhingnya ||

7. pasthi nagri Pajang iki | kaya nora wurung rusak | ya ta mantri Pajang kabèh | samana sami arêmbag | ambalik karsanira | mring Pangran Banawa iku | apan gustinira lawas ||

8. anulya lumampah sami | sakèh mantri Pajang lama | tan kantun sagêgamane | amêthuk Pangran Banawa | mring desa Wêru ika | tan kawarna lampahipun | gya prapta ing Wêru ika ||

9. apan ta sampun apanggih | sakathahe mantri Pajang | lan Kya Senapati age | miwah Pangeran Banawa | sadaya angabêktya | aganti ngujungi wau |

--- 6 : 5 ---

sakathahe mantri Pajang ||

10. ri sampunira ngabêkti | sakathahe mantri Pajang | umunggwèng ing ngarsa andhèr | saha palungguh mangrêpa | gya sami matur sira | mring Senapati Matarum | miwah mring Pangran Banawa ||

11. adhuh anggèr gusti mami | kang para mantri punika | yèn ingajanana anggèr | apan ta purun sadaya | angrabasèng ing Pajang | dene tan wontên pakewuh | mantri Pajang pan wus têlas ||

12. inggih mantri ingkang lami | têlas mariki sadaya | mung kantun wong Dêmak dhewe | lan wong Kudus bêbarisan | sayaktose punika | apan ta kawula purun | nyêkêl Adipati Dêmak ||

13. myang kinèn angalap pati- | nira dipati ing Dêmak | kawula sandika anggèr | datan mawi taha ring tyas | saking sakit ing manah | ngawula lyan gustinipun | miwah ulun anggêmpura ||

14. ing kitha Pajang pan wani | Senapati ing Ngalaga | kalangkung suka manahe | dening wau amiyarsa | sanggupe mantri Pajang | sami dinadar pan sampun | mantri ing Pajang sadaya ||

15. enjing bubar Senapati | saha gêgaman sumahab | têmpuh gêgaman Jipange | lawan gêgaman Mataram | miwah wong Pajang ika | kang balakuswa anggrêgut | sigra Senapati mojar ||

16. ariningsun Ki Dipati | Banawa kita kumpula | lan wadyanira Pajange | lamun têmpuh ing ngayuda | lawang sayatra wetan | yayi cêgatana iku | manawa wong Pajang mêdal ||

17. padha kumpulêna yayi | dening ing laku manira | amung

--- 6 : 6 ---

awadyèngsun dhewe | wong Mataram kumpul ingwang | kang sun têmpuh ing yuda | lawang kulon kang sun têmpuh | ri sampunira arêmbag ||

18. saksana bubar kang baris | apan ta awarna-warna | asri lwir taman sêkare | abra dwaja lungsir jênar | myang kang gula kalapa | aprang karbèt ing lêlayu | gêbyaring sanjata lanang ||

19. surêm hyang pratônggapati | kasênênan ing busana | myang ujwalèng gêgamane | ing Pajang sampun kinêpang | tintrim wong sajro kitha | myang wong ing Pajang Matarum | sampun sami balik ika ||

20. amung wong Dêmak kang kari | kalawan wong Kudus sira | maranti luhur kithane | amalatar barisira | sanjata wus ngisènan | Senapati agya rawuh | lan sawadya ing Mataram ||

21. lawang kilèn dèn wêdali | ya ta wong Dêmak umulat | ing wong Mataram praptane | wus katur Dipati Dêmak | lamun Ki Senapatya | dhatêng ing sabalanipun | lawang kilèn dènnya mêdal ||

22. Dipati Dêmak sigrangling | sakèhing têtukon ingwang | wong Bugis lan Mêkasare | wong Bali dèn padha yatna | lah papagên dèn agya | Senapati pêrangipun | lan sakwèhing mas salaka ||

23. iku ta karyanên mimis | wruhanira Senapatya | apan kaliwat têguhe | lawan prawira ngayuda | lah poma wêkas ingwang | yèn sira mundur prang pupuh | padha sun patèni sira ||

24. pan sira têtukon mami | sigra wong Bugis Makasar | myang wong

--- 6 : 7 ---

Bali minggah kabèh | mring palatar luhur kitha | gêgamane malatar | towok sligi agêmipun | wanèh angagêm sanjata ||

25. agya wong Mataram prapti | binarondong bêdhil sira | saking ing luhur kithage | mimis tibane lwir udan | surak ambal-ambalan | apan kadi langit rubuh | pêtêng kukusing sundawa ||

26. arame têmpuhing jurit | Senapati ing Ngalaga | sigra anitih kudage | awasta pun Bratayuda | ulês purnamasada | saha pracalitèng luhur | pracihna êjin kang prapta ||

27. lawan udan riwis-riwis | surak ing tawang gumêrah | êjin lan parayangane | kadya ngrubuhênèng wiyat | ri kang jin parayangan | sadaya pan sami tumut | ambêdhah nagara Pajang ||

28. Senapati tumulyaglis | angungkih amrêki lawang | binrondong ing bêdhil akwèh | lir udan mimis tibanya | datan ana tumama | têguh saking kudanipun | Senapati ing Ngalaga ||

29. mimis kancana nibani | tibèng jaja lir parada | miwah mimis salakane | samya gèpèng tibèng jaja | apan kadi rinêngga | saking kwèh mimis tinêmpuh | tan kandhêg pangamukira ||

30. kudanira Senapati | kang ulês purnamasada | saking kèh tiba mimise | kadi dhawuk katingalan | nanging Kya Senapatya | tan taha pangamukipun | sakèhing wong têtêbusan ||

31. kang wong Makasar lan Bugis | sami bendrong ing sanjata | myang busur lan saligine | lwir garimis tibanira |

--- 6 : 8 ---

Senapati gya mojar | alah iya sira iku | pan kabèh wong têtêbusan ||

32. lah aywa kapati-pati | milu-milu apa sira | balik malayua age | besuk padha mardikaa | awakira priyôngga | ya ta ing sakathahipun | wong têtêbusan miyarsa ||

33. sigra lumayu padhajrih | sakèhing wong têtêbusan | mangkana ing pangamuke | wus prapta jawining lawang | sakèthèng kilèn ika | Senapati jaluk pintu | hèh wong kang atunggu lawang ||

34. wênganana ingsun kori | kang tunggu lawang tan suka | ya ta wontên samitrane | Senapati ing Mataram | pan tunggil guru ika | Kyai Gêdhong wastanipun | apan mèlu tunggu lawang ||

35. mirsa yèn Ki Senapati | kang prapta anjaluk lawang | sigra sakèhe bature | tunggu lawang ingamukan | akathah ingkang pêjah | kang urip têlas lumayu | Ki Gêdhong kantun priyôngga ||

36. sigra dènnya suka kori | Ki Gêdhong mring Senapatya | sarêng wus mênga korine | Senapati sira agya | lumêbêt jroning lawang | ya ta anuli kapangguh | Ki Gêdhong sigra tur sêmbah ||

37. dhumatêng Ki Senapati | kawula amit palêstrapalastra. | ing lampah kawula anggèr | rumiyin arsa ngamuka | dhatêng têtiyang Dêmak | kang baris ing ngalun-alun | ing wau Ki Senapatya ||

38. agêng pangraosing galih | kalangkung kapiutangan | mring Ki Gêdhong samitrane | mangkana ing lampahira | Ki Gêdhong anèng ngarsa | sigra manêmpuh

--- 6 : 9 ---

angamuk | Ki Gêdhong pan tinadhahan ||

39. kinathahan ing ajurit | Ki Gêdhong sampun palastra | pan Ki Gêdhong salamine | datan pasah dening braja | wus karsaning Hyang Suksma | dhumatêng ing takdiripun | têmbe manggih guladrawa ||

41. Dhandhanggula

1. Senapati lumampah ing wuri | sigra mulat yèn Ki Gêdhong pêjah | Ki Senapati wuwuse | Ki Gêdhong mitraningsun | durung wêruh rasaning mukti | sêkul lan banyuningwang | apuwara lampus | ing benjang sapungkur ingwang | apanggiha ing satêrah-têrahnèki | Ki Gêdhong lawan ingwang ||

2. tinutugêna sarêng amukti | iya lawan anak putuningwang | aja salaya rusake | lan anak putuningsun | wadyèng ulun Mataram sami | sêsabana lêlincak | layone puniku | Ki Gêdhong samitraningwang | aja kèndêl dening wong lumampah jurit | yèn mulih binarsihan ||

3. sigra mangsah Senapati jurit | prapta madya ngalun-alun Pajang | manggung anitih kudane | Senapati manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning sang | amurwèng pandulu | Senapati ing Ngalaga | sampun pana kêkêpuhe dèn sungkêmi | lali purwa duksina ||

4. wadya Dêmak kabèh ingkang baris | anèng ngalun-alunirèng Pajang | padha takut bubar kabèh | asru dènnya lumayu | akèh mati arêbat dhingin | kênèng sanjatanira | padha baturipun | tan ana nolih ing wuntat | apuyêngan anarka yèn têkèng pati | mila [mi...]

--- 6 : 10 ---

[...la] bubar sadaya ||

5. Kyai Juru anitihi wajik | cêcongklangan wong Dêmak kapapag | Kyai Juru mojar age | wong apa sira iku | têka gègèr malayu sami | wong Dêmak padha mojar | Senapati ngamuk | anèng ngalun-alun Pajang | mila gègèr lumayu kapati-pati | sami narka yèn pêjah ||

6. Kyai Juru Amartani angling | hèh wong Dêmak madayèng ing ujar | Senapati pangamuke | apan ta pangrasamu | Kyai Juru lampahiraglis | anusul ingkang putra | prapta ngalun-alun | Senapati ing Ngalaga | katingalan kêkêpuhe dèn sungkêmi | Senapati ginugah ||

7. Kyai Juru Amartani angling | Senapati ing Ngalaga sira | awungua dipun age | katungkul sira ngantuk | baya lali yèn sira jurit | Senapati Ngalaga | kagyat sira wungu | nulya matur ingkang paman | ana ngêndi wong Dêmak ingkang abaris | ngalun-alun ing Pajang ||

8. Kyai Juru Amartani angling | sakathahe wadyabala Dêmak | gègèr asru palayune | payo padha malêbu | ing byantara madyaning puri- | nira Dipati Dêmak | apan wis atakut | angungsi anèng jro pura | datan narka yèn miyosana ajurit | amapaga ing sira ||

9. Senapati têdhak saking wajik | asta têngên ngagêm pangawinan | kiwa nyêkêl kadhangsule | kandhêg ing lêmahdhuwur | Kyai Juru Martani angling | aja para tumêdhak | maksiha amanggung | banjura maring jro pura | aja [a...]

--- 6 : 11 ---

[...ja] walangdriya ana ing jro puri | Pajang pan darbenira ||

10. Senapati ing Ngalaga angling | karan manira mudhun sing kuda | ing dangu palinggihane | Sultan Pajang tuwanku | nora arus wong wani gusti | kapindho wong atuwa | kaping tiga guru | ping pat yêktènana uga | Sultan Pajang tan beda duk lagi urip | ing pamundhi manira ||

11. nulya dhatêng Kyai Senapati | wijil pisan jumênêng ing lawang | para garwa mapag kabèh | Sultan Pajang kang sunu | Adipati Dêmak kang èstri | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | Senapati tinangisan | pan rinangkul padane Ki Senapati | matur sarwi karuna ||

12. ari ta sampun tuwan pêjahi | adipati ing Dêmak punika | Senapati dan ujare | datan narka ing ulun | mêjahana ari dipati | ing Dêmak pan tan nêdya | ngong prih idhêpipun | dening jumênêng ing Pajang | nora tari ing bêcike maring mami | aja ta salah tômpa ||

13. lakinira gawanên mariki | lawan malih sêsawêranana | pratôndha kalah yudane | Senapati pan mundur | wus pinarêk anèng sitinggil | adipati ing Dêmak | samana wus mêtu | binônda ing cindhe kêmbang | para garwa wau ingkang anggèmbèli | prapta ing sitibêntar ||

14. apan ta jajar wau alinggih | Dipati Dêmak lawan kang garwa | Senapati lon dêlinge | Dipati Dêmak iku | dudu sira kang duwe waris | jumênêng Ratu Pajang | pantês putra jalu | ari Dipati Banawa | jumênênga [jumê...]

--- 6 : 12 ---

[...nênga] anèng ing Pajang nagari | gêntosana kang rama ||

15. hèh dipati ing Dêmak sirèki | warisira nagara ing Dêmak | lah mintara dipun age | wong Mataram sirèku | mikulana sangune iki | he wong Singanagara | lan wong Martalulut | idhêpên Dipati Dêmak | nora pantês wong wadon nyêkêl têtali | lah sira gêntènana ||

16. Adipati Banawa puniki | sukan-sukan anèng pagêlaran | lan sabala santanane | anabuh galaganjur | pan arame ambêksa rangin | ana kang bêkta watang | rame padha wuru | amrang lêngên para tantang | para campah candhala anyênyabari | ing Pajang ulun dibya ||

17. Senapati ing Ngalaga mijil | kang pinandhi kêkapaning kuda | pun Gathayu kêkasihe | kandhali macan guguh | pan punika sarêng pinandhi | gong pun sêkar dalima | bêbarkatanipun | kang ingagêm Sultan Pajang | sakathahe bêbarkatan kang rumiyin | binêktèng pagêlaran ||

18. Senapati sineba ing mantri | pagêlaran lun-alun ing Pajang | padha mangrêpa lungguhe | lêlamakipun babut | isi sêkaring nagasari | ujwalanirèng muka | lwir wulan awêlu | sêdhênge asêsadhara | samya takut sakathahe para mantri | padha tungkul mangrêpa ||

19. Adipati Banawa sirangling | kakang Senapati ing Ngalaga | kita jumênênga mangke | Sultan Pajang puniku | sinebaa sakèhing mantri | apan tuwan prayoga | dening putra sêpuh | kawula

--- 6 : 13 ---

lila warana | têkèng lina tan adarbe atur kalih | lah tuwan jumênênga ||

20. Senapati ing Ngalaga angling | yayi Adipati ing Banawa | atarima pracayane | pan dudu garis ingsun | yèn manira madêga aji | anèng nagari Pajang | kagêdhèn puniku | ulun pinasthi Mataram | tanah Jawa angalahakên ing jurit | padha ratu amônca ||

21. punang mônca nênggih nuswa bumi | ratu mônca tan ana suwala | padhaa pranata kabèh | Jawa apan kinêlun | gih puniku Sultan Matawis | punika putuningwang | iku pan kapangguh | jumênêng nata pandhita | kèdhêp dening para ratu tanah Jawi | Madura lan Palembang ||

22. ingsun iki winaris ramaji | ing Mataram abêbakal ika | sun lampahi kangelane | Dipati Banawèku | alah uwis dadia aji | malêbua jro pura | mangkua kadhatun | matur Pangeran Banawa | kakang aji kawula darma nglampahi | sakèhe pakon tuwan ||

23. sakathahe sèn-isèning puri | kaatura dhumatêng paduka | sakarsa andika angrèh | Senapati amuwus | gih tarima manira yayi | pracaya pakênira | kang dhatêng maringsun | sakèhe barana Pajang | lah karyanên yayi adandan nagari | sampun sugih pun kakang ||

24. lan karyanên nênutut ing mantri | dêdanaa rêtna lawan boja | myang atèri bêbudine | lah iku karsaningsun | wong ngawula dhatêng nrêpati | yayi sira ta bakal | jênêng para ratu | kirange sanjatanira |

--- 6 : 14 ---

tumbasêna lawan karyaa pribadi | sadandanan wong aprang ||

25. salwir bawane kang sinung wadi | kinarya mong jagat jaga-jaga | arja ing ratu èsthine | gulang-gulangên iku | dipun yatna ulah nagari | duwea wong têtiga | rumuhun wong iku | pandhita ing wong atapa | lawan malih wong petangan iladuni | palakiyah lan ramal ||

26. yèn sirayun wêruha ing wèsthi | pranatane wong dadi narendra | atakona dipun age | iya marang sang wiku | lamun ayun uningèng wadi | takona wong petangan | ingaran dhêdhukun | yèn ayuning pangawasa | kang kajaba saking wirayating tulis | takona wong atapa ||

27. Pangeran Banawa matur aris | kakang Senapati ing Ngalaga | sakèhe bêbarkatane | rama aji pukulun | pan sumôngga ulun puniki | tuwan bêktèng Mataram | pantês anak sêpuh | kang anduma wêwarisan | jêngandika ulun tan amisesani | sakèhe bêbarkatan ||

28. Senapati ing Ngalaga angling | ari Adipati ing Banawa | lah abênêr sasmitane | bêbarkatan sun pundhut | ulun gawa maring Matawis | cihna gêdhe kapurna | ramaji lan ingsun | têmên taman kênèng kêdhap | sarasaning sarkara rupa lan manis | tan kêna pêpisahan ||

29. lah karia yayi ingsun amit | ingsun mulih maring ing Mataram | sun èstokkên sawêlinge | salamêt sira kantun | Adipati Banawa nangis | nèng ngarsane

--- 6 : 15 ---

kang raka | padane sinuhun | sêsambate amlasarsa | yèn tinilar bapa babu ingkang lalis | datan narka panggiha ||

30. enjang mangkat Senapati mulih | kêbat ing lampah lwir angin topan | praptèng Mataram lampahe | wus lumêbêt kadhatun | Senapati jumênêng aji | wong Mataram kang seba | miwah ingkang sunu | lwir na mantri pamajêgan | wong Kajoran pêpêg anèng ing Matawis | Sultan Pajang wus sirna ||

31. awatawis lagya pitung bêngi | Senapati rawuh ing Mataram | miwah kawula wangsane | anuntên enjingipun | Senapati miyos tinangkil | pêpak kang para putra | ngandikan mring ngayun | sakèhe para santana | angandikan pan sami sinungan linggih | apan sinama-sama ||

32. lawan sami sinungan kêkasih | dening Senapati ing Ngalaga | wontên dene Radèn Tompe | ya Pangeran Tumênggung | Gagakbahni ingkang kêkasih | Radèn Santri winastan | ing kêkasihipun | ya Pangeran Singasêkar | Radèn Jambu Pangeran Amangkubumi | sampun sami wibawa ||

38. Kasêktènipun Radèn Rôngga, putra Panêmbahan Senapati

33. ri sampun ing mangkana winarni | wontên prajurit ing Bantên prapta | kesahe sing nagarane | dening nagri Matarum | Senapati kaloka sêkti | digdaya myang arosa | pilih tandhingipun | ing tanah Jawa tan ana | prajurit Bantên [Bantê...]

--- 6 : 16 ---

[...n] prapta sêdya ngayoni | mring Kyagêng Senapatya ||

34. praptanira pan lagya sawêngi | nèng Mataram dèrèng kauningan | prajurit Bantên praptane | mring Senapati iku | ênjing Radèn Rôngga manggihi | mring prajurit kang prapta | tumulya amuwus | hèh wong Bantên praptanira | arsa apa apa arsa angayoni | mring rama Senapatya ||

35. ayya kita ngayoni ramaji | ulun dhingin kita ayonana | ramaji gampang kalahe | yèn wus kasoran ulun | alah mara jar ingong iki | iya kita cêkêla | putungêna iku | darijine Radèn Rôngga | gya cinêkêl maring wong Bantên prajurit | pinêtêk datan mêndat ||

36. tita panyêkêle tan ngaèsi | wong Bantên kinipatakên agya | prajurit têbih plêsate | gya tangi marêk sampun | jari kinèn nyêkêl aganti | dhatêng ing Radèn Rôngga | anulya sinambut | cinêkêl darijinira | mring rahadyan wong Bantên tan kêna mosik | malah malocot ika ||

37. palintiran mêksa tan kêna sik | Radèn Rôngga asmu bramantyèng tyas | gya tinabok prajurite | sapisan agya lampus | kang prajurit wadyane gusis | malayu asasaran | palayune mantuk | dhatêng ing Bantên punika | Radèn Rôngga katur ngramarama. Senapati | anulya ingandikan ||

38. praptèng ngarsa Senapati angling | hèh Ki Rôngga kita sutaningwang | kita lêwih ing surane | lawan rosa atêguh | wadyèng ulun Mataram [Mata...]

--- 6 : 17 ---

[...ram] iki | tan ana kadya kita | ing kasuranipun | amung kita ingkang sura | amatèni ing wong Bantên lagi prapti | durung uninga ringwang ||

39. dening kita lêwih kumawani | yèn kita Rôngga tuhu arosa | lah kita putunga kiye | jêmpole sukuningsun | Radèn Rôngga uningèng wadi | wruh yèn ramanya duka | ing tyas bêndunipun | watêkira Radèn Rôngga | datan kêna cinampah-campah ing janmi | nadyan si ramanira ||

40. radèn supe tan uningèng runtik | Radèn Rôngga saksana anyandhak | jêmpoling rama sukune | karsanira amutung | Senapati angraos sakit | kinipatakên sigra | kontal ingkang sunu | rahadèn ajrih wangsula | dukèng rama lumajêng tan miyos kori | manêmpuh banon kitha ||

41. tanpa ngapa banon tinêmpuh ing | Radèn Rôngga ing pangraosira | lwir tumamèng sawang bae | ika ta purwanipun | banon kitha bolong sajanmi | ya ta Rahadèn Rôngga | lajêng jrih ing bêndu | ngalor ngetan lampahira | pan asêdya apurik dhatêng ing Pathi | tan kandhêg lampahira ||

42. tarkanira Senapati têbih | kesahira suta Radèn Rôngga | Senapati sigra linge | mring wadya kang ingutus | wadya gandhèk kinèn nututi | mring Radèn Rôngga ika | sagone kapêthuk | sutèng ulun Radèn Rôngga | wangsulêna kang kinon mêsat sigraglis | lampahe gêgancangan ||

43. katututan dhusun Sukawati | ri sang

--- 6 : 18 ---

duta umalang ing ngarsa | saha mangrêpa ature | dhuh rahadèn tuwanku | ulun kinon ramaniraji | kita kinon wangsula | rama kita ngungun | ulun takut yèn mantuka | lamun tuwan tan purun wangsul ènging. rikingriki. | ulun pan pinêjahan ||

44. Radèn Rôngga sigra dènirangling | hèh sang duta ulun datan arsa | yèn kita wangsul ing kene | benjing ulun umantuk | yèn wus têka ing karsa mami | lah kita awangsula | aywa kita asru | amêmalangi lumampah | ri sang duta amaksa angrangkul sikil | pinipit suku pêjah ||

45. duta kantun satunggil gya mulih | lampahira prapta ing Mataram | tumama ngabyantarane | Senapati kapangguh | ri sang duta mangrêpa linggih | manêmbah ri suku sang | mangusapi lêbu | Senapati sigra mojar | hèh sang duta sutèng ulun apa mulih | Si Rôngga ingkang mentar ||

46. ri sang duta matur awotsari | hèh tuwanku Senapati ingwang | sampun lumampah kinèngkèn | nusul ing sutèng prabu | Radèn Rôngga inggih kapanggih | Sukawati kacandhak | ulun akèn wangsul | Radèn Rôngga datan arsa | yèn wangsula ing benjing ubaya mulih | yèn wus tumêkèng karsa ||

47. ulun sangêt angaturi mulih | malah duta kang satunggal pêjah | pinipit suku patine | saking angrangkul suku | Radèn Rôngga lajêng lumaris | puruge ngalèr ngetan | tarkèng ing tyas ulun | dhatêng Pathi Radèn Rôngga | Senapati [Senapa...]

--- 6 : 19 ---

[...ti] kampita ing tyas akingkin | dadya sokur ing suksma ||

48. Radèn Rôngga lampahira prapti | ing Pathi nagarane kang paman | wong Pathi wruh kagyat tyase | sigra nuli umatur | wadyèng Pathi mring sang dipati | ulun atur uninga | dhatêng sang pukulun | suta tuwan Radèn Rôngga | ing Mataram punika prapta mariki | arsa marêk ing tuwan ||

49. kagyat ing tyas sira sang dipati | aris mojar maring wadyanira | apa ta baya kinèngkèn | praptane sutèng ulun | maring kakang mas Senapati | ature kang tinanyan | dene tanpa batur | upama yèn ingutusa | suta tuwan sayêkti yèn mawi kanthi | môngsa-borong paduka ||

50. adipati ing Pathi andugi | lamun purik praptane kang putra | lamun asangêt kangêne | sigra dènnya amuwus | adipati mring wadyanèki | lah timbalana agya | Radèn Rôngga iku | apan dahat kangên ingwang | iya maring Radèn Rôngga suta mami | kang kinon agya mentar ||

51. apan pasowan ing Pathi nênggih | wontên sela agêng tan upama | nyêlani palinggihane | ing mantri sowan iku | sakathahe wadya ing Pathi | apan datan kawawa | ngilangana iku | saking gênging punang sela | Radèn Rôngga ri sêdhêng prapta ningali | mantri sowan tan piyak ||

52. Radèn Rôngga ciptanira wadi | apa baya karsanira paman | ulun tinimbalan age | dening praptaning ulun | wadya datan kinèn sumingkir | ika ngayoni

--- 6 : 20 ---

uga | mring kang wong Matarum | yêkti sela kang ing ngarsa | kinèn nêmpuh Rahadèn Rôngga siraglis | prapta unggyaning sela ||

53. manêmpuh ing Radèn Rôngga aglis | punang sela têmahan gulimpang | radèn tan ngraos anggane | wadyèng Pathi andulu | suka angrês ing tyas ningali | sêktine Radèn Rôngga | sukane andulu | dening lamine kang sela | pinrih ilang wadya Pathi tan kadugi | mangkana ciptèng wadya ||

54. Radèn Rôngga mangsah masila ring | ngarsaning paman sang adipatya | saha mangrêpa linggihe | gya manganjali sampun | ri suku Sang Dipati Pathi | aris dènira mojar | Rôngga sutèng ulun | apa ta kita dinuta | ngramaniraramanira. kakang êmas Senapati | lan ulun iki uga ||

55. kangên têmên ulun ing sirèki | sokur bagya kita mangke prapta | dahat sukaningsun mangke | Radèn Rôngga gya matur | sayêktose ulun puniki | apan datan dinuta | ing rama pukulun | anut ing karsa priyôngga | adêdolan ing karsa sampun alami | ing mangke kalampahan ||

56. lagya sipêng saratri nèng Pathi | Radèn Rôngga ya ta amiyarsa | saking lingirèng wadyakèh | ana wong tapa gêntur | paguronnya kang wong sa-Pathi | unggyanira atapa | sasèndhèn ing kayu | wrêksa asêm sinendhenan | wêtahipun atêmah galinggang aking | ri wus dadya galinggang ||

57. apan datan sah dipun cuwili | wrêksa galinggang mring kang atapa |

--- 6 : 21 ---

cinuwil ing kanakane | sakwèh ing siswanipun | apan dèrèng uningèng wadi- | nira ing gurunira | panyuwiling kayu | dadya siswanira tanya | hèh kiyai punapa wadine iki | kang wrêksa cinuwilan ||

58. gurunira sigra anauri | hèh siswèng ulun lah wruhanira | iki ta besuk ing têmbe | iya manawa besuk | ana dhangane kang aurip | dimon iki kinarya | ngobori wak ingsun | lan malih dimon kinarya | andamari ing tyas ingsun iki benjing | kagyat tyasing atmaja ||

59. sarya tanya malih siswanèki | hèh kiyai lah kadi punapa | dene makatêna têmbe | gurunira amuwus | wis mangkono ing karsa mami | kaya mangkono uga | ing panêmuningsun | ya ta wau Radèn Rôngga | mirsa yèn wontên wong tapa dèn purugi | wantunya Radèn Rôngga ||

60. sarêng wong tapa ika kapanggih | tan amawi catur myang pariksa | gya cinandhak sinasuwèk | angga wong tapa wau | datan wontên wutuh sanyari | sinasuwèk Dyan Rôngga | samana gya kondur | Radèn Rôngga mring Mataram | kawarnaa gya wong tapa dèn purugi | ing dalu mring siswanya ||

61. sapraptane guru tan kapanggih | yèn pêjaha angga datan ana | mung ana tilasing gêtèh | watêkipun ing dalu | nulya wrêksa kang cinacuwil | kinumpulakên ika | mring siswa kang guru | kinarya obor punika | tumulyage kinarya ngobor-obori | ing angga gurunira ||

--- 6 : 22 ---

62. apan kapanggih dipun sêsuwir | angganing guru pating balêsar | Radèn Rôngga pambucale | ya ta sami dèn ruruh | maring siswa angga kapanggih | saking sasuwir ika | watêkipun dalu | ri sampunira ngalêmpak | sêsuwiran ing angga pinêtêk aglis | maring ing siswanira ||

63. kawarnaa Radèn Rôngga prapti | ing Mataram sigra tinimbalan | ing rama dahat marmane | prapta ngayunan sampun | Radèn Rôngga mangrêpa linggih | manêmbah ring suku sang | mangusapi lêbu | saha manganjali ngrama | Radèn Rôngga tansah sira dèn arasi | mring rama Senapatya ||

64. ramanira sigra dènnya angling | hèh Ki Rôngga kita sutaningwang | wus awayah kita mangke | awêwahana kawruh | ngindhakêna kadigdayan ing | miwah ing kasantikan | kang durung tinêmu | mungguh ing janma nonoman | utamane ingkang adigdaya sêkti | tinaha ing sasama ||

65. Radèn Rôngga ciptanirèng ati | apa ingkang ingong guronana | yèn mênggah ing janma bae | tan ana kadya ulun | Senapati uningèng wadi | hèh Rôngga lamun kita | lumaksanèng tuduh | aywa kita mring janma lyan | gêgurua mring eyangira pribadi | ing paman Juru ika ||

66. iku ungsêtên lah dèn angênting | têdhanên apa sangèlmuneka | Radèn Rôngga mêsat age | minta mring eyangipun | Kyai Juru ika kapanggih | apan lagya asalat | Radèn Rôngga rawuh | alênggah jawining lawang | masjid alit jêjogan têdhak sing masjid |

--- 6 : 23 ---

kasongan ing pananggap ||

67. bêbaturing pananggap dèn sungi | sela kumalasa saha rata | jêjogan têdhak salate | ika unggyannya lungguh | Radèn Rôngga dènnya anganti | bakda salat kang eyang | dènnya salat luhur | tan adangu asung salam | dènnya salat Kyai Juru aningali | yèn ingkang wayah prapta ||

68. linggih mangrêpa sandhaping kori | wau ingkang sela kumalasa | dinulêkkên darijine | lwir dulêg siti êmpuk | ting caromplong tilas jariji | Ki Juru kagyat ing tyas | dènira andulu | angling hèh iki Ki Rôngga | apa ora atos watu kodulêgi | nulyatos ingkang sela ||

69. dinulêk malih tan kêna mosik | punang sela dahat atosira | Radèn Rôngga nyiptèng tyase | iya lêrês kang tuduh | rama ulun Sang Senapati | ulun kinon gurua | mring eyang kya guru | samitra tuwa tan wênang | ingungkulan wajib ginuron ing ngèlmi | miwah ing kadigdayan ||

70. Radèn Rôngga sangêt ing pangudi | mring kang eyang nêdha wurukira | gya winurukakên kabèh | sangèlminya Ki Juru | Radèn Rôngga sampun atampi | sêsasmitaning eyang | samana wus mantuk | Radèn Rôngga tan winarna | laminira apan ta wontên awarti | patalan won ula ||Kurang satu suku kata: patalan wontên ula.

71. malah sawêr amêjahi margi | gêdhenira sawêr tan upama | yèn ula ing dharat bae | samana sampun katur | dhatêng Radèn Rôngga kang warti | watêk ing Radèn Rôngga |

--- 6 : 24 ---

yèn miyarsa tutur | kang anglangkungi karosan | tan sarônta anulyage dèn purugi | sawêr anèng patalan ||

72. tan adangu Radèn Rôngga prapti | ing patalan kapanggih kang ula | atêmpuh para surane | sarêng ula andulu | dhatêng radyan anandêr wani | Radèn Rôngga apanggah | dahat suranipun | ingaranan sawêr naga | sarêng nêmpuh amulêt ôngga ngêbêki | Radèn Rôngga apanggah ||

73. rahadyan datan angalawani | punang sawêr nêlaskên karosan | Radèn Rôngga sêsumbare | lah têlasêna iku | hèh sang ula rosanirèki | mumpung sira agêsang | ulun pan atangguh | wus têlas rosaning ula | Radèn Rôngga tumulya sigra malêsi | sawêr binêthot pêjah ||

74. ri sampuning pêjah sawêr aglis | Radèn Rôngga nulya kondur sira | sapraptane ing dalême | ya ta datan winuwus | lami-lami radèn asakit | yuswa patbêlas warsa | turas gêrahipun | Radèn Rôngga lajêng seda | kawarnaa kang wibawa ing Matawis | Ki Agêng Senapatya ||

39. Sultan Banawa seda. Panêmbahan Senapati nyuwun idi dhatêng Sunan Giri, jumênêng ratu ing tanah Jawi.

75. tulus dènira amadêg aji | nèng Mataram Senapati ika | miyos saking kadhatone | sineba ing wadyagung | masilar ing kathile manik | abra ujwalanira | alêlamak babut | kang sowan munggwèng ing ngarsa | pra santana kang sampun jinunjung [jinu...]

--- 6 : 25 ---

[...njung] linggih | miwah kang para putra ||

76. karsaning Sang Senapati mijil | apan kang para putra sadaya | sami jinunjung linggihe | ingkang putra pambayun | Pangran Rôngga apan wus lalis | kantun Kangjêng Pangeran | Pugêr kang panggulu | nuntên Pangeran Purbaya | nuntên ingkang rayi wau akêkasih | Pangeran ing Jaraga ||

77. nuntên kang rayi sinung kêkasih | jumênênga Pangeran Juminah | anuntên wau arine | kang badhe madêg ratu | Panêmbahan Karapyak nênggih | anuntên arinira | ing kêkasihipun | ya Pangeran Pringgalaya | wontên dene kang rayi èstri kêkalih | sampun sami akrama ||

78. jênêng Radèn Dêmang Tanpanangkil | nuntên arine kalih punika | Têpasana kêkasihe | têlas jinunjung lungguh | ingkang paman sinung kêkasih | Dipati Môndaraka | mangkana winuwus | Adipati ing Banawa | kang jumênêng susunan ing Pajang nênggih | sataun laminira ||

79. nyandhak gêrah sangêt ing kêkêling | datan kenging wau ingusadan | kalangkung sangêt gêrahe | para niyaka rêmbug | atur uning ing Senapati | yèn ingkang rayi gêrah | sangêt datan emut | nulya wau aputusan | mantri Pajang lumajêng dhatêng Matawis | lampahira akêbat ||

80. duta Pajang rawuh ing Matawis | wus apanggih lawan Senapatya | duta wus katur ature | nuntên susulan rawuh | saking Pajang atur upêksi | yèn kang rayi wus seda | kalangkung gêgêtun | akathah ingkang karasa | Senapati waspanira [waspa...]

--- 6 : 26 ---

[...nira] adrês mijil | dening kang rayi seda ||

81. duta Pajang anêmbah nulyamit | sabature lampahe akêbat | rawuh ing Pajang enjinge | apan pinêtêk sampun | ya sigêgên datan winarni | Senapati Ngalaga | kang ganti winuwus | sampune ing pitung dina | karsanira Senapati ing Matawis | ingkang rayi ingangkat ||

82. Pangeran Tumênggung Gagakbahni | tinanêm anèng nagara Pajang | sampun atêtêp linggihe | mantri punggawa suyud | atanapi punggawa cili | ing Pajang wus atata | kadi duk karuhun | tan owah ingkang parentah | karanipun sitinggil kilèn puniki | tan purun sêsamanya ||

83. wêwangunan Sultan Pajang nguni | sakathahe wawêngkon ing pura | ginêmpur lêmahdhuwure | myang pasareanipun | dèn ingêr ing wetan puniki | ênggènira awisma | pangeran tumênggung | sakilèn ing kitha Pajang | na astana mukmin saking Arab singgih | mila kitha ingêlar ||

84. linêbokkên astana puniki | jroning kitha karsane punika | ingambil sawab barkate | dening pangran tumênggung | purwanipun batane nguni | patute kitha Pajang | pasagi rumuhun | pangeran tumênggung seda | tan warnanên lamine dènira lalis | pinêtêk ing Mataram ||

85. ing dagane Ki Agêng Matawis | ingkang rama anênggih punika | sakilèn masigit gêdhe | ênggènira kinubur | nagarane ing Pajang iki | kagêntosan punika | nênggih wastanipun | pangeran ing Pajang ika |

--- 6 : 27 ---

wus alama samana sampun apanggih | nêmbang durma ing ngarsa ||

42. Durma

1. ênêngakna ing Pajang dyan kang kocapa | nagara ing Matawis | sampun awibawa | Senapati Ngalaga | miyos sineba ing mantri | kang para putra | santana sami nangkil ||

2. Adipati Môndaraka munggèng ngarsa | saha tinari-tari | paman Môndaraka | kadya apa ing karsa | ulun arsa angyêktèni | ingkang wirayat | jêng sinuhun ing Giri ||

3. Adipati Môndaraka aris mojar | ngong sakêthi umiring | karsa pakênira | Senapati ngandika | paman kalamun sawawi | Si Pangalasan | lumampaha mring Giri ||

4. angrêmbagi Ki Dipati Môndaraka | Pangalasan tinari | sira lumampaha | dhatêng Sinuhun Ngarga | aturêna surat mami | Ki Pangalasan | tampi nuli pinundhi ||

5. sampun amit Pangalasan adan bubar | wong sawidak angiring | tan kawarnèng marga | lampahipun akêbat | lumakya siyang myang ratri | dahat sirenggal | prapta ing Giri enjing ||

6. Panêmbahan ing Giri lagya sineba | myang para putra nangkil | muwah pra santana | pêpêk anèng paseban | Dyan Pangalasan Matawis | gya praptanira | linarapakên aglis ||

7. Pangalasan wus ingandikan ing ngarsa | anuli atur tulis | winacèng wardaya | dènira Panêmbahan | mèsêm sarya ngandikaris | lah Senapatya | ing Mataram puniki ||

8. lamun ayun angyêktènana wirayat | amimitana

--- 6 : 28 ---

dhingin | iya lumuruga | maraa ing bang wetan | iku pratôndha sayêkti | pun Pangalasan | anêmbah tumulyamit ||

9. Ki Pangalasan tumurun saking arga | Dyan Panêmbahan Giri | maksih siniwaka | dening para santana | mangkya angandika aris | sapa uninga | rêke ing Giri èsthi ||

10. ujaring wirayat ing Mataram ika | ing têmbe mangkubumi | kabèh nuswa Jawa | samya ngidhêp Mataram | nadyan ing Giri puniki | sapa wêruha | yèn sisip-sisip iki ||

11. nanging parentahing Hyang tan kêna owah | apan uwis pinêsthi | ing dahuru jaman | ratu dadi kawula | kawulakèh dadi gusti | tandhane ana | Pajang lawan Matawis ||

12. pra santana pra putra kabèh turira | panêdhamba puniki | sampun mênangana | ing jaman kang mangkana | rajèng Giri angling aris | wus karsaning Hyang | amasthi polah iki ||

13. ênêngêna sang rajèng Giri samana | kawarnaa Matawis | Senapati Nglaga | ika dawêg sineba | yungyunên dènira nganti | sampun sawulan | dan Pangalasan prapti ||

14. Pangalasan dumarojog mring paseban | nulya sinapa aris | lah ta Pangalasan | aglis sira matura | sawawêkas rajèng Giri | ingaturêna | mring rajèng ing Matawis ||

15. wawêkase raja ing Giri punika | wus ngaturakên sami | Senapati Nglaga | mangke alon ngandika | paman Môndaraka mangkin | ingwang dinuta | dèn Panêmbahan Giri ||

16. duk ing kina rama ngiring Sultan [Su...]

--- 6 : 29 ---

[...ltan] Pajang | munjuk dhumatêng Giri | ing wulan Mukaram | nadyan sun tumamaa | maring ing bang wetan mangkin | wulan Mukaram | anut marga rumiyin ||

17. ri sampunira mangke Raja Mataram | nulya putusan mangkin | dhumatêng ing Dêmak | lawan ing Kalinyamat | adan prasamya acawis | wusing samêkta | dhumatênga Matawis ||

18. wong Jagaraga adan samya siyaga | miwah wong Pajang sami | kabèh ingarahan | tumindaka angetan | dadya sira nulya cawis | tansah gêgaman | kawarna ing Matawis ||

19. ing nalika mangke ing wulan Mukaram | Dyan Kyai Senapati | ing Mataram mangkat | lumuruga mangetan | sigêgên wadya Matawis | dan kawuwusa | ing Surapringga mangkin ||

20. sampun ingaturan dening kajinêman | kalamun wong Matawis | sampun lumuruga | mring nagari bang wetan | Dipati Surabayèki | wus aputusan | nagara wetan malih ||

21. ing Tuban Sidayu sampun ingutusan | Lamongan lan Garêsik | Dipati Lumajang | Kartasana lan Malang | ing Pasuruhan Kadhiri | ing Wirasaba | wong Balitar acawis ||

22. ing Majapura Pringgabaya Pragunan | ing Lasêm wus acawis | Dipati Madura | Sumênêp Pakacangan | pan sampun atata baris | sampun anabrang | maring Surabayèki ||

23. samya pêpêk sakwèhing para dipatya | baris kagiri-giri | pan sêdya amapag | yudane wong Mataram | manawa

--- 6 : 30 ---

tindak ngajurit | sêdya anôngga | yudane wong Matawis ||

24. wong Mataram prapta angêpung wong Japan | sêdya binêdhah wani | ya ta sikêp wetan | sampun kumpul ing Japan | wus ayun-ayunan jurit | ana ing Japan | sigêgên kang winarni ||

25. raja pandhita ing Giri ingaturan | kalamun wong Matawis | angêpung ing Japan | nanging nagara wetan | sadaya samya nulungi | wontên ing Japan | sami apacêk biting ||

26. sigra Panêmbahan ing Arga putusan | kaum sadaya iki | dhatênga ing Japan | sarya amawi surat | kaum sadaya lumaris | ing lampahira | dhatêng ing Japan iki ||

27. tan kawarna ing marga wus praptèng Japan | nulya amondhok aglis | wong agung Mataram | iku wus kinongkonan | dèn angutusan ing Giri | wong agung wetan | prasamya dèn kongkoni ||

28. sampun prapta wong agung wetan sadaya | miwah rajèng Matawis | apan sampun prapta | samya linggih atata | wus pêpêk para dipati | utusan Ngarga | nulya sirangling aris ||

29. hèh wong agung Mataram wong agung wetan | ingsun dinuta iki | dening Panêmbahan | Ngarga mring pakênira | tur sarwi amawi tulis | lah piyarsakna | asmarane kang tulis ||

43. Asmaradana

1. hèh kaki jêbèng Matawis | miwah jêbèng Surabaya | dening ta sira sun tongton | samya rêbut panjênêngan | nêdya awawan-wawan | lah uwis padha rahayu | iya dening lamun [lamu...]

--- 6 : 31 ---

[...n] ana ||

2. pamiyakira Hyang Widi | kang andhap kang luhur ika | besuk ana tinêmune | ing mêngko pan durung môngsa | balik padha patuta | lah prajangjian sirèku | pilih padha piniliha ||

3. wêwadhah kalawan isi | iku singa amiliha | yèn uwis mangkone rêke | sira padha asukura | ing Hyang Kang Maha Mulya | titi winaos sratipun | dan wong agung ing Mataram ||

4. mirsa ungêle kang tulis | sarya sira angandika | lah yayi Surabayane | kayaparan karsanira | dikane Sunan Ngarga | pakanira lawan ingsun | mangke kinèn amiliha ||

5. ing rêngan kalawan isi | andika dhingin miliha | manira pan kari bae | dadya kathah adipatya | miwah kang para nata | tan kinèn milih puniku | mung andika lan manira ||

6. wêwadhah kalawan isi | yayi pundi piniliha | manira atadhah bae | dipati ing Surabaya | apikir jroning nala | ngong piliha wadhahipun | apan kothong kang wêwadhah ||

7. bumi suwung tanpa isi | Senapati ing Ngalaga | duwèni jagat isine | pasthi mênang isi uga | kalah ingkang wêwadhah | yèn mêngkono lêhêng ingsun | amiliha isi ika ||

8. Senapati ngandikaris | lah kadipundi ing karsa | yayi pundi kang pinilèh | dipati ing Surabaya | mojar lah inggih kakang | ulun milih isinipun | kita darbea wêwadhah ||

9. Senapati ngandikaris | inggih yayi karsandika | ngong

--- 6 : 32 ---

kang duwe wêwadhahe | isine pan pakanira | wus ing aprajangjian | pra dipati samya mantuk | dhatêng pasanggrahanira ||

10. tanapi Ki Senapati | wus mulih mring pasanggrahan | wus sineba ing wadyane | miwah kang para santana | Mandraka munggèng ngarsa | Senapati lon amuwus | alah paman Môndaraka ||

11. bumi kang wetan puniki | ing mangke pan duweningwang | sapa ngisènana têmbe | raina wêngi ngong alap | pan iku buminingwang | yèn tan anuta maringsun | aywa ngancik buminingwang ||

12. lah uwis bubarna aglis | paman gêgaman Mataram | manira pan bubar mulèh | Senapati sampun bubar | mantuk dhatêng Mataram | miwah bang wetan wong agung | wus bubar mulih sadaya ||

13. ênêngakêna rumiyin | kocapa Susunan Ngarga | wus sinungan uningage | yèn Dipati Surabaya | amilih isi ika | Mataram ing rênganipun | Senapati kang ingalap ||

14. Panêmbahan ngandikaris | pan wus takdiring Hyang Suksma | ing bang wetan pan kaduwe | marang ing Raja Mataram | èngêtna jangji padha | nuli binabadan sampun | paksa rusak tata janma ||

15. ênêngêna rajèng Giri | kocapa ing Surabaya | tatkala sineba andhèr | pêpêk ingkang para putra | miwah mantri punggawa | ya ta nagara kang kidul | apan ngisenan punggawa ||

16. lawan ingisenan mantri | pan ora antara warsa | wong wetan tumindak age | ing wande kang dhinatêngan | kinalahkên ing yuda | èngêta

--- 6 : 33 ---

sangkalanipun | awas rusak tatèng janma ||Sengkalan: awas rusak tatèng janma (1502 A.J.).

17. anulya mundur siraglis | wau lampahe wong wetan | saryantuk boyongan akèh | Dipati Pajang sung wikan | dhatêng rajèng Mataram | yèn mangke pasitèn Warung | rinusak dening wong wetan ||

18. rajèng Mataram sigrangling | hèh iya Dipati Pajang | mênênga dhingin ing mangke | ing bang wetan iku uga | kabèh pan duweningwang | Dipati Mandraka matur | yèn sawawi lan andika ||

19. bang wetan puniku mangkin | lêhêng nuntên linurugan | Senapati sigra linge | alah paman sabarêna | benjing sasi Mukaram | dandana dawêg anglurug | dhatêng nagari bang wetan ||

20. manira tindak pribadi | tan pracaya anunggea | manawa wong wetan abot | sigêgên Raja Mataram | kocapa Adipatya | Pranaraga nèng Madiun | apan lagi agunêman ||

21. natèng Madiun sigrangling | paran mangkin karsa para | wong Mataram iki mangko | amrih nagara bang wetan | dening arsa angrusak | wong wetan pinrih anungkul | marang nagara Mataram ||

22. iya ing Mataram iki | ing mêngko ta kaya wongwa | sakêkunang upamane | yèn ora gya sinirama | pasthine iki uga | nora wande lamun mabul | satêmah angômbra-ômbra ||

23. nêdha siniram tumuli | sinayom dipati kathah | ing Mataram iki mangko | mumpung maksih alit ika | Dipati Pranaraga | aris dènira amuwus |

--- 6 : 34 ---

inggih arêmbag kawula ||

24. sigra utusan siraglis | ing wau Jêng Panêmbahan | Madiun saha sêrate | wus lumampah dutanira | dhatêng ing Surabaya | Panêmbahan ing Madiun | sampun amêpêk gêgaman ||

25. myang Dipati Pranaragi | wus sami pêpêk gêgaman | wontên kang winuwus malèh | dipati ing Surabaya | dawêgira sineba | prapta utusan Madiun | wus ngandikan maring ngarsa ||

26. sampun tinampan kang tulis | kang surat sampun winaca | sampuning maos tulise | dipati aris ngandika | iya duta matura | mring Panêmbahan Madiun | miwah yayi Pranaraga ||

27. lintang dening sun ngrêmbugi | aywa sumêlang ing driya | iya ingong utusane | sakèhe bupati wetan | dimène iya padha | bantua pêrang Madiun | sigra nuli ingutusan ||

28. sakèhing para bupati | bang wetan wus ingutusan | sami mêpêk gêgamane | kalintang gênging gêgaman | samana sampun bubar | sakathahing baris agung | mring Madiun lampahira ||

29. sêdya ambantu ing jurit | tan kawarna lampahira | sigra prapta ing lampahe | nagara Madiun ika | mondhok wetan bangawan | lir tasik tanpa têpiku | sigêgên datan winarna ||

40. Panêmbahan Senapati nêlukakên para adipati ing Madiun

30. kocapa rajèng Matawis | sampun ngaturan uninga |

--- 6 : 35 ---

yèn mangke wong wetan akèh | sami nèng Madiun ika | arsa ngrisak Mataram | ya ta Senapati gupuh | amêpêk wadyabalanya ||

31. ing Dêmak kalawan Pathi | apan sampun ingutusan | Warung Garobogan kabèh | ing Kêndhal lan ing Samarang | Kalinyamat wus prapta | saha gêgamane kumpul | wontên nagara ing Pajang ||

32. ing Kêdhu Bagêlèn sami | prapta sagêgamanira | Senapati bubar age | saha bala ing Mataram | kumpul gêgaman Pajang | ing marga datan winuwus | ing Kadilangu wus prapta ||

33. sampun pamondhokan sami | kilèn lèpèn prênahira | apan andhêndhêng barise | dening têtiyang bang wetan | mondhok wetaning toya | sami arêrangkah sampun | wong cilik masang bitingnya ||

34. pamondhokan wong Matawis | prênahe kilèning kitha | Madiun kali êlête | matur Dipati Mandraka | paran karsa andika | wong Pranaraga Madiun | pan sami tumut mangetan ||

35. Panraga barise mijil | pangawat kiwa gènira | Pangran Madiun barise | nanging ika dèrèng mêdal | paman têka mindêla | ana malih dayaningsun | Senapati angandika ||

36. hèh Adisara sirèki | ingsun jaluk gawenira | lah mêngko sira sun kongkon | Adisara aturira | inggih nuhun sandika | nadyan dhumatênga lampus | kawula datan lênggana ||

37. natèng Matawis sigrangling | Adisara malêbua | ing gêni gawanên mangko | surat ingsun aturêna |

--- 6 : 36 ---

dhumatêng Panêmbahan | ing Madiun dipun katur | lan sira apêpaèsa ||

38. paèsira dèn abêcik | saksana pun Adisara | ing wau sampun apaès | dhasar wong ayu utama | karêngga ing busana | kadya murcaa dinulu | Senapati angandika ||

39. lah sira caosa joli | Jayaantaka milua | baturmu gawanên kabèh | wong patang puluh milua | dèn prayatna ing baya | lan Si Angabèi Warung | milua mring Adisara ||

40. lamun sira dèn takoni | iya marang wong bang wetan | warahên ingsun kalamon | anungkul mring Panêmbahan | ing Madiun aseba | Adisara wêkas ingsun | kalamun sira binedhang ||

41. maring paranakan sami | ing Madiun ladènana | aja têka sêtêmêne | Ni Adisara anêmbah | sampun anitih jolang | mangkat kang ngiring kumutug | pan sarwi binêktan surat ||

42. upacaranira asri | munggèng ngandhaping jampana | amalatar jajarane | upacara pinayungan | apan rineka-reka | kadi putri lampahipun | mojar Dipati Mandraka ||

43. kadipundi tingkah iki | mèsêm Senapati nabda | sadhian sun prih gembange | rajèng Madiun kang nala | kocapa Adisara | lampahira pan lumintu | anêrang wong pabarisan ||

44. wong wetan atanya sami | puniki joli punapa | Jantaka aris saure | puniki Raja Mataram | atur panungkulira | mring Panêmbahan Madiun |

--- 6 : 37 ---

wong wetan sami angucap ||

45. lah sokur ing wong Matawis | tandhane anungkul ika | maring Panêmbahan ingong | pan pintêre wong Mataram | duga kasoran dadya | nungkul wikan ngawakipun | rinasa datan kawawa ||

46. ana lèn wadweka angling | ywa girang gumuyu sira | ngong wruh ing lêluwangane | akalnya rajèng Mataram | dibya sêkti aguna | ana lyan ika amuwus | kadya datan mangkanaa ||

47. kocapa Madiun iki | ingkang baris ing jro kitha | Adipatya Madiune | rikala lagya sineba | pêpêk mantri pramônca | Panêmbahan ing Madiun | arsa miyos benjang enjang ||

48. wong agung bang wetan nênggih | pagunêman pasanggrahan | Pangeran Madiun mangko | dèn antya ring wiyosira | apa iki wadinya | wong Madiun ora mêtu | têka taha mawa kêmba ||

49. mangkana ingkang winarni | Pangran Madiun punika | lagya agunêm wiraos | dèrèng tutug angandika | kalawan kang punggawa | Adisara nulya rawuh | jumarojog ing paseban ||

50. Adisara anungkêmi | ing padane Panêmbahan | ingkang seba cingak kabèh | kagyat dènira umulat | samyangling ring tyasira | wong ngêndi baya kang rawuh | têka anungkêmi pada ||

51. Dipatya Madiun angling | lah babo sira linggiha | arsa atêtanya ingong | lah sira iki wong apa | ing ngêndi wismanira | lah sapa aranirèku | lawan apa karêpira ||

--- 6 : 38 ---

41. Adipati Pasuruhan têluk dhatêng Panêmbahan Senapati

52. saksana mundur tumuli | ing wau pun Adisara | anêmbah umatur alon | kawula ingkang putusan | têtiyang jêngandika | pun Senapati Matarum | kawula pun Adisara ||

53. kawula dinuta gusti | umarêk dhatêng paduka | angaturakên surate | pun Senapati Ngalaga | katura ing paduka | pun Senapati anungkul | datan lênggana ing karsa ||

54. dyan rajèng Madiun nuli | anampani ingkang surat | sang nata ngandika alon | lah atmaja ngong Mas Lonthang | kita macaa surat | dadya Ki Mas Lonthang sampun | manêmbah amaca surat ||

55. bêbukanirèng kang tulis | punika sêmbah kawula | pun Senapati jatose | apan ta datan anêdya | amêngsah Panêmbahan | pun Senapati anungkul | ngawulèng ing Panêmbahan ||

56. têtiyang sampeyan dhingin | Madiun kang wisma Pajang | paduka sunga cacahe | pintên kathahnya sadaya | amba angantukêna | dhatêng nagri ing Madiun | Mataram kagungan tuwan ||

57. titi wêkase kang tulis | natèng Madiun ngandika | lah iya tarima ingong | pracayane sutaningwang | Senapati Ngalaga | kaya ngapa wong Madiun | ing karêpira sadaya ||

58. Pangran Madiun sigrangling | kadyapa ngong tan nuruta | pan sêdya rahayu bae | lah Adisara matura | marang ing sutaningwang | apan ora [o...]

--- 6 : 39 ---

[...ra] sêdya ingsun | amungsuha lan Mataram ||

59. dening wong bang wetan iki | nêdya mungsuh ing Mataram | lah ana karêpe dhewe | matura ing putraningwang | karsane wong bang wetan | ingsun nora milu-milu | pun Adisara turira ||

60. yèn kawula dèn takèni | dhumatêng pun Senapatya | wadya paduka sakèhe | apacêk baris gêgaman | punapa si botêna | ngandika rajèng Madiun | ngong baris têngga nagara ||

61. alah mara ôndhamoi | sakèh baris bubarêna | atur sêmbah ingkang kinon | binubarakên sadaya | wus mantuk sowang-sowang | wau baris ing Madiun | umatur pun Adisara ||

62. wêlingipun Senapati | kawula kinèn anêdha | kakoloh pada sang katong | kinarya jimat trêsôndha | dening pun Senapatya | ya ta raja ing Madiun | amasuhi padanira ||

63. Adisara anadhahi | munggwèng ing bokor salaka | natèng Madiun dan linge | ingsun dipun andêlêna | ing anak Senapatya | ingsun ora milu-milu | ing yudane wong bang wetan ||

64. Si Adisara wus amit | sampun anitih jampana | bubar lawan sabature | wus mêdal jawining kitha | tansah dados tongtonan | sakèhe bala Madiun | sami eca manahira ||

65. samana pan sampun prapti | pondhokan tiyang Mataram | Senapati winiraos | apan ta lagi alênggah | pun Adisara prapta | asuka ing manahipun | Senapati ing Ngalaga ||

--- 6 : 40 ---

66. paèse maksih abêcik | Adisara marenea | atur sêmbah ingkang kinon | cundhuk anungkêmi pada | wau Ni Adisara | sasolahe sampun katur | mring Senapati Mataram ||

67. kala bubarakên baris | miwah duk anèng ing marga | ambucal toya kakoloh | kang munggèng bokor salaka | kantun sapalih ika | siniramkên sikilipun | dhatêng pun Puspakancana ||

68. Adisara matur malih | ing wasana aturira | inggih kawula atakèn | punapa darbe atmaja | èstri kang lêwih endah | lingipun yèn darbe sunu | diwasa tan arsa krama ||

69. makatên lingnya sang putri | benjing ingsun arsa krama | yèn ana mrêtuwa têmbe | manêmbah ring mantunira | iku pakramaningwang | lawan pêpanggil panyukur | yèn tan mangkana tan arsa ||

70. mèsêm Senapati angling | midêra sèwu nagara | môngsa olèha wadine | kang kadya Si Adisara | lah ngong dahat tarima | lakunira ingong utus | lah benjing sun ganjar sira ||

71. ri sampuning mangkanèki | Adipati Môndaraka | èngêt ing tyasira linge | hèh Ki Senapati kita | apa kita miyarsa | wirayat duk praptanipun | Kiyai Ôntakusuma ||

72. Senapati anauri | saure datan amirsa | wirayat ika jatine | Adipati Môndaraka | gya atutur wirayat | makètên wirayatipun | praptaning Kyantakusuma ||

73. ulês-ulêse kinardi |

--- 6 : 41 ---

rasukan mring Jêng Susunan | Lèpènjaga sadadose | rasukan gya tinakonan | mring Jêng Susunan Bonang | karya punapi puniku | jêbèng Kali pakanira ||

74. ature Susunan Kali | ulês rumiyin punika | kawula damêl ing mangke | rasukan inggih manawa | amarêngi ing benjang | dadosa gèn-ênggènipun | kang bêkêli tanah Jawa ||

75. apan sêsampuning dadi | ingkang rasukan punika | Sultan Dêmak Sultan Paos | kala jênênge samana | pan boya pinatêdhan | manawi samangkenipun | bok marêngi pakanira ||

76. lah nêdha cinoba ugi | puniku Ki Senapatya | kita suhuna ing mangke | satêngah iku dadia | ing pasang girinira | yèn kapatêdhakna iku | tuduh pasthi kang pangèstya ||

77. Senapati tumulyangling | inggih kadipundi paman | atur manira pênêde | dhatêng Kangjêng Panêmbahan | Kya Môndaraka mojar | môngsa kiranga puniku | ing budi atur prayoga ||

78. aglis mêsat Senapati | saha wadya kêkapalan | mung kawan dasa kathahe | kadi angin lampahira | kêbat tumulya prapta | aran dhepok Ngadilangu | prapta gya cundhuk manêmbah ||

79. sumungkêm ing pada kalih | mangusap lêbu suku sang | Sang Panêmbahan nabdalon | anapa kita bagea | ki jêbèng paran karya | pan kita lagya prang pupuh | têka umarêg maringwang ||

80. Senapati sigra angling | saha sêmbah aturira | dhumatêng Susunan Lèpèn | mila amba mangke prapta |

--- 6 : 42 ---

atilar pabarisan | sêdya nuwun sabda wuruk | rèh parigêl Panêmbahan ||

81. dening ta ulun puniki | yèn aprang asring katiban | kaprawasèng ing mimise | punika amba rumasa | jasad sakit katiban | mila amba nuhun wuruk | têtulak braja tumama ||

82. mèsêm sinuhun saryangling | iya bênêr têka sira | ki bayi ing saêlinge | bêcik sira anganggea | aling-aling ing badan | sigra anulya pinundhut | iki anggon-anggonira ||

83. nanging ing wawêkas mami | ki bayi marang ing sira | iki aja sira anggo | kalane asukêr sira | lah iki wruhanira | pasujudan dalêm tuhu | Kangjêng Nabi Rasullolah ||

84. sigra nêmbah Senapati | abukuh palungguhira | lajêng sujud ing mukane | malah konjêm ing buntalabantala. | gèn nampèni wasiyat | kang saking kangjêng sinuhun | Lèpènjaga wus tinampan ||

85. Senapati tumulyamit | manêmbah nungkêmi pada | wusing sujud mêsat age | saking ngarsa Panêmbahan | Senapati Ngalaga | sawadyanira akumpul | kawan dasa kêkapalan ||

86. lampahe kêbat lir angin | wus prapta ing pabarisan | ing Madiun wadya ngantos | ing praptane Senapatya | miwah Kya Môndaraka | angraos dhatêng pangèstu | sigra durmane tinêmbang ||

44. Durma

1. kawarnaa Adipati Môndaraka | matur mring Senapati | lah Ki Senapatya | kadipundi wêkasnya | dening wong wetan puniki |

--- 6 : 43 ---

arinaris. ngandika | Senapati Matawis ||

2. inggih ing benjing dintên Kêmis punika | ngong wêdali pribadi | lan malihe paman | aprajanji manira | yèn wong wetan ika wani | anabrangana | manira pagas ngriki ||

3. Adipati Môndaraka aris mojar | lah kaki Senapati | aja ta mangkana | dhinginkên takaburnya | bilih mungsuh iku ugi | wani nabranga | tan wande ingsun benjing ||

4. anglampahi darbe ratu pêpagasan | Senapati sru angling | sarwi ngêpêl sêga | paman rika mêdala | ya ta binuwang tumuli | sêkul kêpêlan | rinêbut dening anjing ||

5. datan gampil rinêbut asu têtiga | sêkul sakêpêl iki | malah pothèl samya | untuning asu ika | kang paman angling jro ati | sapa mungsuhnya | yèn Senapati runtik ||

6. kawarnaa wadyabala ing Mataram | prapta ing dina Kêmis | sampun asiyaga | sabusananing yuda | arsa mêtuning ajurit | mêpêk gêgaman | anèng sajroning biting ||

7. angandika Senapati ing Ngalaga | yayi mas Mangkubumi | lah sira dadia | pangawat anèng kanan | wong Kaliwungu Samawis | lawan ing Dêmak | angiringa ing yayi ||

8. myang ariningong yayi mas Singasêkar | dadi pangawat kering | lan wong Garobogan | Warung myang Kalinyamat | atanapi wong ing Pathi | padha ngiringa | yayi pangawat kering ||

9. wong ing Pajang dadyaa kang gêgunungan | dening ta ulun iki | lan [la...]

--- 6 : 44 ---

[...n] paman Mandraka | tan kêna tinastua | saprayoga gon mêtoni | lah agya padha | nabranga sirèng kali ||

10. paman Môndaraka lah kita kantuna | ulun anabrang dhingin | mung têngran manira | paman ayya pinasang | yèn manira dèrèng prapti | ing sabrang wetan | yyan ulun wus nabrangi ||

11. tumulya têngran iku gya pasangana | suraka têpyèng kali | ri sampun mêmêkas | Senapati Ngalaga | sampun anitih turanggi | ngrasuk wasiyat | bajo tambal ing jawi ||

12. kang umiring wadya satus pêpilihan | samya wahana wajik | saksana anabrang | Senapati angetan | wadyanya satus angiring | datan abênggang | lampahira lêstari ||

13. Senapati sapraptaning sabrang wetan | agya wadyèng Matawis | umadêg dwajanya | tôndha mêtoni yuda | têngranira Senapati | umadêg sigra | surak wadya Matawis ||

14. wadya wetan sura prasamya adandan | wadyèng Mataram mijil | saha sanjatanya | suraknya lir ampuhan | bêndhe umuniamuni. tinitir | têngran prangira | Senapati Matawis ||

15. tinubing kwèh binrondong ing bêdhil munya | warnanên Senapati | agya anarajang | manêmpuh sing ngiringan | wadyanya samya angiring | saha turôngga | sarêng mamuk ngajrihi ||

16. wadyèng wetan kabèh wruh sarya nglingira | hèh rowang dèn ngatyati | nging ana sanjata | kidul lah tingalana | ika uga Senapati | kalambya tambal | padha [pa...]

--- 6 : 45 ---

[...dha] wahana wajik ||

17. wadya wetan gya mingêr saha sanjata | ya ta Ki Senapati | binrondong bêdhilnya | kasangsang ganjur atap | wadya wetan akèh mati | pan ingamukan | limbung takêping jurit ||

18. Senapati ngamuk lan Kya Môndaraka | ya ta wadyèng Matawis | wus samya anabrang | Pangeran Singasêkar | manglambung saking ing kering | kang mêtyèng kanan | Pangeran Mangkubumi ||

19. Senapatya kuda ran Puspakancana | kang tinitihan jurit | napas ulêsira | agêng inggil arosa | karoban mimis tan gingsir | pangamukira | anepak angidêki ||

20. Adipati Mandraka pangamukira | apan karwat camêthi | pan Ki Sapujagat | langkung katiyasannya | sakèh wong kasampe mati | myang ganjur watang | kasampe tigas pancing ||

21. Senapati tandangnya kagila-gila | kang tinêmpuh kyèh mati | umiris kang gêsang | buyar gya palayunya | kawit ing prang wanci enjing | malah tumêka | lingsir kilèn mêkasi ||

22. wadya wetan larud tan môngga puliha | myang wadyèng Pranaragi | malaywa sasaran | apan sarwi angucap | wong Madiun dèn pisuhi | nyata kaparat | têka ambalenjani ||

23. wit ing gawe Madiun ingkang angajak | mêngko angapirani | ya ta amiyarsa | mèsêm Ki Senapatya | pangucapira wong cili | wong Pranaraga | angungsi kutha sami ||

24. wusing bubar larud wong wetan sadaya |

--- 6 : 46 ---

Dipati Mandrakangling | hèh Ki Senapatya | de puniku kang kuda | uwus mati dèn tunggangi | Ki Senapatya | gya tumêdhak sigrangling ||

25. hèh têka dahuwèn kyai pakanira | apan puniku ugi | kala lingsir wetan | sampune gone pêjah | nulya rubuh punang wajik | kang Senapatya | sigra ngandika aris ||

26. lah sakèhe iya anak putuningwang | miwah satêdhak mami | aja ana nganggya | jaran kang ulês napas | manawa tan kadya mami | sawuriningwang | dyan kawarnaa mangkin ||

27. wong Mataram kang buru bali sadaya | nulya anjêjarahi | wong Madiun ika | samya eca manahnya | sawarnaning kêbo sapi | aglar pangonan | eca anambut kardi ||

28. ya ta kagèt wismanira ingobongan | tur sarwi dèn jarahi | kang bôngga tinumbak | têtiyang asasaran | prasami angungsi wukir | kang ngungsi kitha | akèh kaboyong kari ||

29. natèng Madiun wau wus ingaturan | lamun bala Matawis | praptane jêjarah | kang bôngga pinatenan | wong Madiun dèn boyongi | sri naranata | gêgêtune artati ||

45. Dhandhanggula

1. Panêmbahan Madiun nabdaris | tan anyana ingsun wong Mataram | têka mangkene polahe | sun jêjuluki iku | wong Mataram Wisa Martani | marta lair kewala | wisa kalbunipun | Panêmbahan angandika | mring kang garwa miwah para putra èstri | lah padha adandana ||

2. Panêmbahan putrane kêkalih | pambajênge [pambajêng...]

--- 6 : 47 ---

[...e] èstri ayu endah | Rêtna Jumilah wastane | Mas Lonthang ingkang jalu | karsanira sri narapati | putra èstri tinilar | anèng jro kadhatun | lah nini sira karia | apan sira kang rinêbut ing ngajurit | dening Ki Senapatya ||

3. wus pantêse wong bêdhah nagari | ambêboyong jarah rajabrana | kang kalah kalap putrine | kantuna anak ingsun | tunggyanana byantaranèki | waduningwang sapindhah | tunggwaa kitèku | sang putri nangis kalara | saha sambat dyah ayu kaswasih-asih | gumuling gya kantaka ||

4. ibuningkang parêngnya manangis | taman bisa mampêh ring lulutnya | lara-lara karunane | dhuh nyawa sutèng ulun | kadyaparan lah kita nini | tinilar ing yayahnya | wadu dalêm umung | manangis taman parungwan | wanèh wadu aneka manibèng siti | ana lèn gêgulungan ||

5. apuyêngan wong sadalêm puri | balulungan kawês gatinira | sang nata anglês ing tyase | angling mring grahanipun | lah kitagya dandana aglis | apan ta sutanira | srahêna Hyang Agung | grahanya nangis alara | sutanya Dyah Jumilah tamane ngênting | patilar ing yayahnya ||

6. natèng Madiun ika wêwêling | ring parêkannya têngga nagara | hèh pêcêl parêkan kabèh | kang tunggwa sutèng ulun | lah ta iki kêris dèn bêcik | sungêna gustinira | ing sapungkur ingsun | wus pasthi wasiyat ingwang | Si Gumarang gya sungêna yyan anglilir | pêcêl mring gustinira ||

7. agya mêsat sira sri bupati | pan kalindhih [kali...]

--- 6 : 48 ---

[...ndhih] têtunwaning wisma | wus dhumêsêk ing agnine | mantri apan arêbut | palayunya tiba atangi | mangungswa ring bang wetan | lèn mangungswa gunung | risang nata palayunya | ngalor ngetan Wirasaba kang dèn incih | saha graha tan pisah ||

8. Ki Mas Lonthang ciptèng tyas angungsi | Surabaya lèn karsa myang rama | mantri kabèhnya parane | samya arêbut kayuh | kawarnaa ika kang kari | Sang Dyah Rêtna Jumilah | putri ing Madiun | salirsalilirira. lirira kantaka | kang wasiyat curiga katur sang putri | mila angèsthi pêjah ||

9. agya dhatêng wadya ing Matawis | kithèng Madiun sampun kinêpang | sampun katur ing wartane | yèn natèng ing Madiun | sampun lolos tilar nagari | kantun putra wanodya | anèng jro kadhatun | Senapati dahat rêna | gya tumama byantara sang dyah ningali | dhatêngnya Senapatya ||

10. ciptanira sang dyah jroning ati | Senapati iki mêngko pêjah | aglis sinambut pastule | Senapati pinastul | kaprawasèng jaja ngênani | Senapati tan pasah | mèsêm sarwi laju | sang dyah anyandhak sarampang | tinêmpuh Sang Senapati tan gumingsir | sang dyah mengo smu merang ||

11. sang suputri mangêntyèkkên gêndhing | gya umundur maring pasarean | tumulya narik dhuwunge | Gumarang aranipun | Panêmbahan ika ningali | nulya mênggah ing manah | amicarèng kalbu | dudu padu iki uga | yèn paksanên tan wande amiyatani | Senapati [Senapa...]

--- 6 : 49 ---

[...ti] ampungan ||

12. ciptanira sang dyah jroning ati | baya sira tan amangan sêga | yèn tan tumama ing kene | pasthi sira ngong suduk | Senapati alon alinggih | munggwing madyaning lawang | lingnya saha ngrungrum | ingasmaran sing kadohan | rinarêpa Senapati ngasih-asih | saha prayatnanira ||

13. amintasih lingnya Senapati | dhuh kusuma ulun iki nêdha | pangapuranira anggèr | saking kwèh sisip ulun | apan ulun iki srah pati | dahat ulun tan nêdya | rumusak Madiun | watêking wadya akathah | wong Mataram tan kenging ulun pêpênging | wadyalit angrêrayah ||

14. bok sampun sangêt amitambuhi | mring gêgêbale pun Senapatya | lah mirah sapanên anggèr | mirah andika uwus | lah punapa winalanggalih | apan maksih gumêlar | sajroning kadhatun | kalamun wontên kang rusak | gêgêbale pun Senapati ngilèni | anggèr kagunganira ||

15. nadyan silih ajia sakêthi | ulun mirah kang angilènana | nanging sinapaa bae | saking ing sisip ingsun | pan sumôngga ing ôngga iki | sakarsa ngukumêna | pan ulun jumurung | yèn tan wontên pangaksama | pan sumôngga dasihe datan gumingsir | katrap ngukum sang rêtna ||

16. Senapati dan lingira malih | gustiningsun anggèr nuhun duka | tiba anasih ukume | sumôngga ing bêbêndu | mapan ulun atadhah runtik | suka yèn pêjahana | kawula sang ayu | upami dirada mêta |

--- 6 : 50 ---

padhanana tan wande ambêbayani | sapa ingkang nônggaa ||

17. tan aetang yèn amanggih pati | saking tan ana lèn kang kacipta | baya sira musthikane | rat jagat tan anêmu | ayunira dahat ngêntèki | ing rat sapta buwana | sapta wiyat iku | pangrasa kawula dewa | tan amanggih gandhêse akarya brangti | wong canggèh ing jro tilam ||

18. Senapati nglosod angyatnani | angrarêpa pan saking doh sira | anêlasakên baude | gusti dhuh jiwaningsun | ukumêna pun Senapati | saking sisip pun kakang | anuhun bêbêndu | atêmbung tadhah mastaka | malah mandar wong ayu maria runtik | asiha ing pun kakang ||

19. Rêtna Jumilah ing manah gigrik | amiyarsa salingirèng priya | Senapati pangrungrume | angganira marlêsu | bayunira lwir dèn lolosi | asta cape sakala | dhuwung nulya runtuh | Senapati pan uninga | yèn sang putri gumiwang salwir pakarti | dhuwung runtuh ing lêmah ||

20. Senapati nulya amarani | gya sinambut dhuwung kang lêligan | wus sinarungakên age | gya cinangking sang prabu | sang dyah ayu nulya sinandhing | pan sarwi rinarêpa | dhuh rêtnaning ayu | dedea kang anônggaa | pêpanggile kadya tan dadia takir | kaprawasèng ing katga ||

21. lah ing mangke kêrisira gusti | sun arani mangke Si Gupita | dening punika margane | andikasih maringsun | sang dyah ayu datan nauri | maksih cêngêng umulat | tyasira gêgêtun |

--- 6 : 51 ---

ping kalih maksih karasa | ing rusake nagara Madiun iki | lolose ingkang rama ||

22. Sênapati tansah ngasih-asih | pan adangu dera angrêrêpa | malah hyang rawi surupe | gumanti kang sitèngsu | Panêmbahan dènnya ngrêrintih | dhuh gusti jiwaningwang | kang asawang madu | ngandikaa mring pun kakang | ing sakêcap pratôndha andika asih | kawula ngastu pada ||

23. têkakêna dhadhanira gusti | dening rusake nagarinira | wong bang wetan kang agawe | wong Mataram wus bingung | tan uninga ing ala bêcik | têka padha ngrêrayah | mangke katarucut | punika ingapuraa | sakathahe dosane tiyang Matawis | pan abdi jêngandika ||

24. Rêtna Jumilah sigrangling aris | kari siji pêpanggil kawula | Senapati aywa kagèt | ingsun ngagêm panyukur | ing sajroning apulangrêsmi | yèn tan busik tan babak | tuhu gustiningsun | ya ta sang ayu ingaras | Senapati datan darana ningali | ingêmban mring jro tilam ||

25. sang dyah ayu tan kawawa tampik | pêpanggile panyukur kinarya | alandhêp waja ginawe | dèrèng prapta sadalu | kang panyukur wus ngali-ali | pratôndha yèn tinêkan | sang dyah putrèng ratu | dening Sang Ratu Jumilah | kadyangganing katiban wongwa kasambi | asru panjolanira ||

26. prapta raina miyos tinangkil | praptèng ing jawi pêpak sadaya | myang pra mantri santanane | miwah pra mantri kumpul | Adipati Mandraka nênggih | samya lunggwèng ing ngarsa- | nya

--- 6 : 52 ---

rajèng Matarum | lawan kang para dipatya | samya nangkil miwah Adipati Pathi | saya duwe pangrasa ||

27. rakanira tansah dèn tingali | dahat sanès lawan saban-saban | lwir kang pangantèn sêmune | amicarèng tyasipun | kaya ngapa Ki Senapati | tan arsa abubaran | lawas nèng Madiun | iya dhawaknya akrama | apan ingsun datan anggawa pawèstri | pan ingsun tan abêtah ||

28. sigra amit Adipati Pathi | inggih kakang ing ulun punika | nuhun yun mantuk wiyose | ing Pathi wontên mungsuh | nguni sontên utusan prapti | sung wruh dhatêng kawula | bojo ulun ngutus | pan ulun kinèn mantuka | lah ing mangke ulun iki kinèn pamit | mantuka mring Santênan ||

29. Senapati sigra dènnya angling | hèh ta ari kita yèn sambada | aywa kita mulih age | yèn pasthi ana mungsuh | benjing ulun kang anangguhi | Dipati ing Santênan | sru mrêdyamit mantuk | saha duka-duka tuwan | apan ulun inggih umantuk mring Pathi | Senapati gya mojar ||

30. alah iya sakarsanya ari | yyan kita tan kêna ngong ampaha | akêdaha karsa mulèh | dipati gya wotsantun | sigra bubar asêmu runtik | lampahira akêbat | warnanên kang kantun | Senapati ing Ngalaga | sigra mojar mring wadya para bupati | myang paman Môndaraka ||

31. wruhanira aringong ing Pathi | arsa ambalik mungsuh maringwang | Kya Môndaraka gya ture |

--- 6 : 53 ---

punapa karanipun | kita mojar kadya puniki | Senapati lingira | wus pasthi Hyang Agung | wis aywana winicara | pan ing mangko manira arsa nglampahi | mring bumi Pasuruhan ||

32. hèh paman Môndaraka kitaglis | bubarêna wadya ing Mataram | sigra Mandraka abêndhe | wadya Mataram grêgut | asiyaga anata baris | ya ta wadya gya bubar | sumrêg lampahipun | Senapati sigra mangkat | munggèng wuri ginarbêg ing wadya mantri | tan kandhêg lampahira ||

33. kêbat ing lampah anulya prapti | Pasuruhan sigra masanggrahan | abaris kubêng pondhoke | sigêgên tan winuwus | kawarnaa Ki Adipati | Pasuruhan arêmbag | lawan mantrinipun | anarka rasa nungkula | kang kinarya taladhatuladha. ingkang rumiyin | kawone wong bang wetan ||

34. Adipati Pasuruhan angling | hèh sakèhing wadya mantriningwang | ing mangkya apa êrèhe | wong Mataram wus rawuh | arsa ngrusak ing sira iki | nanging ing tarkaningwang | yèn kita amêthuk | tur kita môngsa mênanga | dadya kita akarya rusak wong cili | angur kita nungkula ||

35. wontên bupatinira sawiji | palajêngan saking Balambangan | Ki Kanitèn kêkasihe | alon dènnya umatur | apan ulun botên umiring | ywan paduka nungkula | apan ulun purun | amêngsaha wong Mataram | myang kang aran prajurit pun Senapati | yèn abênên karosan ||

--- 6 : 54 ---

36. sapakartine ulun pan wani | myang angadu sapucuking braja | miwah ing katêguhane | lawan akantar bahu | silih ukirungkih. sampun kawatir | tingalana kawula | sampun wontên tumut | dèn surakana kewala | sakathahe wadya Pasêdhahan benjing | ulun ingkang maguta ||

37. ring salaminya ulun aurip | dèrèng ulun wruh raosing sêga | mung ulun bukti kunire | manawi tan kadyèngsun | Senapati datan kacangking | mastakane deningwang | datan ulap ulun | apan sampun ulun sêdya | salamine Senapati ing Matawis | amangke kaparêngan ||

38. Adipati Pasuruhan angling | yèn mangkana ing mangkya karsèngwang | ulun asrah kita mangke | sakèhe wadyèng ulun | Pasuruhan karsanirèki | kita anguyunana | ngong tan milu-milu | Ki Kanitèn apranata | ring suku sang dèn pracayèng nèng jro puri | kita ngeca-ecaa ||

39. Adipati Kanitèn sigrangling | asowarèng wadya Pasuruhan | padha siyagaa kabèh | tongtonên ri prang ulun | lawan Senapati Matawis | kita padha jurunga | surak wuri ulun | sêsampunira siyaga | sigra bubar ing marga datan winarni | kocapa wong Mataram ||

40. Senapati sineba ing mantri | para kadang pêpakan sadaya | Mandraka tansèng ngarsane | Senapati gya muwus | hèh paman Môndaraka mangkin | lawan samitraningwang | aywana kang milu |

--- 6 : 55 ---

amung wadya tinataa | saha sanjata lawan têngêran mami | lah padha titihana ||

41. wruhannya paman ring mungsuh iki | lêwih awrat yèn kita nônggaa | tan kêna ingènthèngake | paman tarkaning ulun | yèn sisipa karya bilai | Mandraka alon mojar | matur sang sinuhun | ring mangkya kadya punapa | sakyèh ri kang samitra kalawan mami | punapi tan binakta ||

42. Sênapati sigra dènirangling | lah ta paman ing karsa manira | anamung mapag mungsuhe | kang wadya patang puluh | ulun bêkta dharatan sami | waos cêmêng sadaya | kulambinya wulung | muhung ring pamêkas ingwang | poma paman aywa bah dènnya abaris | yèn ngong dèrèng karuwan ||

43. sigra mangkat Senapati aglis | turangganya sampun tinitihan | pun Camuris ta wastane | cêmêng ing ulêsipun | binusanan tinon tulya sri | Senapati rasukan | wulung udhêng wulung | arja paningsêt kalekah | nyamping wulung yèn tinon wus angêntèni | prajurit tan sisihan ||

44. wus samêkta Kyai Senapati | sigra mangkat aris lampahira | wong kawan dasa lampahe | apan sampun kapêthuk | Adipati Kanitèn kalih | Senapati Ngalaga | Kanitèn gya muwus | lah kita iki wong apa | angadhangi marang gèn ingsun lumaris | lah êndi Senapatya ||

45. Ki Senapati sigra dènnyangling | ika apa kang anèng ing wuntat | anitihi ing wadyane | ya ika

--- 6 : 56 ---

gustiningsun | Senapati rajèng Matawis | ulun iki lêlurah | numbak cêmêng ingsun | kèhing wadya kawan dasa | ulun angro laku ngong kinon ajurit | amungsuha ing sira ||

46. Adipati Kanitèn sigrangling | sarya suka anglênggak alatah | kita iki paksa ngêne | kita dahat kumingsun | sanggup wani mungsuh ing kami | apa kita tan mirsa | yèn ulun pinunjul | tanpa sama ulun yuda | Senapati pantês mungsuh ulun jurit | hèh kita gya mirea ||

47. Senapati agya anauri | nora gêlêm ingsun suminggaha | pan ulun iki kinèngkèn | kinon amagut mungsuh | lamun ulun durung ngêmasi | ulun dahat tan arsa | kita akèn wangsul | kêdah laju ingadhangan | Adipati Kanitèn lingnya nudingi | kita iki abeka ||

48. lumuh kita kinarya abêcik | baya kita bosên nadhah sêga | kita wani ngulun mangke | ulun pithês ko lampus | Senapati alon dènnyangling | nadyan si mangkonoa | tan gumingsir ulun | saking bot jalma ngawula | nadyan silih tumêka ing lara pati | ulun taman gumiwang ||

49. Kya Dipati Kanitèn sigrangling | baya kita iki dahat arsa | wruh digdayèngsun yaktine | lah numbaka ngong mungkur | pilihana dhadha myang gigir | manawa ulun kurang | pracayèng sirèku | Senapati aris mojar | iku sukaning ulun tandhing ajurit |

--- 6 : 57 ---

aywana ngucirèng prang ||

50. gya samya ngêtab turôngga kalih | sigra nêmpuh ulung-ingulungan | ing watang ukèh-ingukèh | surak atri gumuruh | asauran wadyèng Matawis | lawan wong Pasuruhan | myang gong munya umyung | ya ta larih-linarihan | kang prajurit tan ana kasoran tandhing | samya prawiranira ||

51. Adipati Kanitèn nglarihi | mring Senapati nanging tan pasah | dahat tan menggung lungguhe | tinitir-titir asru | Senapati tan kêna kokihkongkih. | cape asta amatang | têlas sarèhipun | adangu watang-winatang | kang prajurit samya sayahira kalih | samya datan tumama ||

52. anglir ampuhan surak wadyalit | sarya êgong munya tri gumêrah | tanpa parungwan wadya kwèh | barung têtêg lwir butul | kadya ombak robing jaladri | Kanitèn arsa numbak | turôngga sang prabu | mila arsa linarihan | pinrih tiba arsa nulya dèn kakahi | turôngga gya tinumbak ||

53. kawarnaa wau kang ing wuri | Adipati Môndaraka ika | wus adangu panusule | mring Senapati iku | wus rumêksa munggwing ing wuri | mila ta tilar wadya | sumêlang tyasipun | yèn têbih ari sutanya | Senapatya marmanya nusul pribadi | Dipati Môndaraka ||

54. pêpathak kang tinumbak ngênèni | turangganira Ki Senapatya | ambandhang lumayu ngilèn | Kanitèn linglingnya. ya asru | aywa kita lumayu [luma...]

--- 6 : 58 ---

[...yu] ugi | lah ta kita wangsula | payo padha tangguh | Senapati sigra mojar | apan kita ngucira dera ajurit | kaya dudu prawira ||

55. dening turôngga kita larihi | tuhu kita dudu prang prawira | Senapati wangsul age | Mandraka ngampah kayun | alah mêngko jêbèng dèn ririh | aywa kirang prayatna | mungsuhira têguh | lah têdhanên mring Hyang Suksma | Senapati sigra nulya anungkêmi | salat bêkti maring Hyang ||

56. sangêt pamêsu sajroning galih | pan mangkana ing panêdhanira | mugi gampanga kawone | Senapati anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning sang | ngamurwèng pandulu | sampun padhang tingalira | Senapati samana anulya tangi | waosira tinatap ||

57. hèh Palèrèt sun jaluk sirèki | gawenira sapisan kewala | wong ika prihên lumpuhe | tan kawarna ing ênu | surakira awanti-wanti | Senapati gya mangsah | sarwi ngêmbat lawung | Dipati Kanitèn mojar | baya kita pantèn wani bali maning | môngsa sira mênanga ||

58. Senapati sigra anglarihi | gagêndhunegêgandhune. kang kêni tinumbak | runtuh Dipati Kanitèn | pan cape sukunipun | datan kêna atangi malih | lêsu sarira lupa | ilang bayunipun | Senapati lagya mojar | hèh Kanitèn ana karsanira mangkin | sumaur kang tinanyan ||

59. apan ulun tan adarbe kapti | angganingwang upama bêbathang |

--- 6 : 59 ---

pan sakarsanira angrèh | yèn kêna ulun jaluk | patènana ta ulun iki | Senapati gya mojar | ingsun ora ayun | amatènana ring kita | Senapati tumulya amundhut aglis | turôngga èstri pincang ||

60. turôngga katur ing Senapati | lêlagaran kuda wadon pincang | apan pangon kandhaline | Senapati gya muwus | hèh Kanitèn muliha aglis | marang ing Pasuruhan | waraha gustimu | yèn kita iku wus kalah | Ki Kanitèn nauri ulun puniki | apan sakarsanira ||

61. wus tinunggangakên kuda aglis | lampahira kinèn ngiringêna | wadya patang puluh kèhe | wong wetan kang lumayu | pan angungsi jro kitha sami | Kanitèn sampun prapta | anèng ngalun-alun | anulya sira tumama | ing ngarsane ki dipati aningali | mèsêm maras ing nala ||

62. Adipati Pasuruhan angling | hèh Kanitèn apa olèh karya | dene kita lêsu bae | apa kita wus têmu | lawan Senapati Matawis | Ki Kanitèn wotsêkar | ulun tan kapangguh | lan Senapati Ngalaga | dèn adhangi ing lurahipun sawiji | waos cêmêng punika ||

63. dening sanggupipun amêkasi | datan antuk kawula lajênga | ywan maksih idhup dhèwèke | ki dipati amuwus | wruhanira ingkang ngadhangi | marma wani mring sira | Senapati iku | Ki Kanitèn aturira | uningaa yèn punika [pu...]

--- 6 : 60 ---

[...nika] Senapati | môngsa ulun mundura ||

64. sukua dhadha ulun lampahi | têkêna janggut datan suminggah | wêruha Senapatine | matia aprang pupuh | datan sêdya ulun gumingsir | ki dipati gya mojar | pan kita kumingsun | mêngko si lamun dayaa | môngsa kita nêmahana kaya iki | aran kita wus kalah ||

65. Adipati Pasuruhan angling | mring wong Kalang lah kita kêthoka | Si Kanitèn dipun age | sigra nulya winadung | gulunira Kanitèn aglis | nanging ta nora pasah | wadungnya gya putung | anulya sinokan timah | cangkêmipun Ki Kanitèn sampun mati | ki dipati ngandika ||

66. lah gawanên Ki Kanitèn aglis | sira aturna mring Senapatya | saha bêktaa sêgahe | turêna bêkti ulun | salamanya ulun puniki | tan narka anglawana | marang sang aprabu | Kanitèn ta wani nglawan | pan ing mangke apan wus ulun patèni | katura ing paduka ||

67. sigra kang kinon nulya lumaris | jisimira Kanitèn binakta | agya prapta ing lampahe | ing ngarsane sang prabu | kang dinuta sigra wotsira | manêmbah ring suku sang | tumulya umatur | ulun duta rayi tuwan | Pasêdhahan katura ing salam bêkti | myang tadhahan katura ||

68. lan jisimipun Kanitèn nênggih | ring mangkya katura jêng paduka | apan punika purwane | pan rayi sang aprabu | datan nêdya mungsuh sang aji | nagari Pasêdhahan | katura sang prabu |

--- 6 : 61 ---

myang rajabrana sadaya | rayi tuwan tan rumaos andarbèni | katura ing paduka ||

69. Senapati sigra angling aris | iya tarima ingkang pracaya | yayi Pasuruhan mangke | matura ing gustimu | lamun ingsun mangkyarsa mulih | de wadya Pasuruhan | mênênga karuhun | apa sakarsa wong wetan | dèn turuta aja sawalèng ing kapti | sakarsa lakonana ||

70. wus tinundhung duta mêsat aglis | sampun prapta nagri Pasuruhan | wus katur sawêwêlinge | sigêgên tan winuwus | kawarnaa Ki Senapati | akèn nêmbang tangara | arsa bubar mantuk | bêndhe tinitir angangkang | sigra bodhol wadyabala ing Matawis | tan kawarna ing marga ||

71. sampun rawuh kitha ing Matawis | Panêmbahan tumamèng byantara | para graha mêthuk kabèh | putri saking Madiun | gya kinanthi ing para rabi | ucapên wadyanira | pan wus sami mantuk | ing wismane sowang-sowang | rabinira prasamya mapag ing laki | ingkang saking kasmaran ||

42. Senapati ing Kadiri nungkul aris dhatêng wong agung ing Mataram

46. Asmaradana

1. punika babade nguni | kaya winisayèng buta | janma sinigêg sang katong | kocapa ing Surabaya | dadi pangungsèn ika | wong Pranaraga Madiun | kabèh [ka...]

--- 6 : 62 ---

[...bèh] anèng Surabaya ||

2. pirang warsa laminèki | prang ing kali Dhadhung ika | mangkana winuwus malèh | nênggih Ki Mas Lonthang ika | sutanya Panêmbahan | ing Madiun pan pinupu | mantu Pangran Surabaya ||

3. ênêngakêna rumiyin | kocapa Kadhiri ika | namane kang madêg katong | rumiyin pangeran êmas | lami-lami pan seda | pangran mas sasedanipun | katur Pangran Surabaya ||

4. dadya nagri kidul nênggih | samya ingisèn punggawa | mring Pangran Surabayane | ingkang ananduri ika | ing Kadhiri samana | kang jumênêng ratu jalu | inggih saking Surabaya ||

5. miwah Ki Mas Lonthang malih | kang saking Madiun ika | ingkang pinipil mantune | mring Pangeran Surabaya | pan pinarnah punika | anèng ing Japan alungguh | jumênêng Dipati Japan ||

6. dening ing Wirasabèki | wus tinanêman punggawa | Ki Rôngga Pramana rane | kang jumênêng Wirasaba | miwah ing Pasêdhahan | ingisèn punggawa sampun | Adipati Pakulungan ||

7. iku caritane uni | kang anjamah padha lanang | ri sampun kinôndha kabèh | karta jamane samana | ênêngakêna ika | wontên gantia winuwus | ing Kadhiri kang winarna ||

8. Senapati ing Kadhiri | wus wikan ujar wirayat | agunêm lawan arine | kang aran Ki Suradipa | arine malih ika | aran Ki Êntol Jajanggu | myang ari wuragil ika ||

9. Kartimasa kang wêwangi | Senapati

--- 6 : 63 ---

aris mojar | hèh Suradipa riningong | mêngko paran daya kita | dening nagri Mataram | mangkya iki saya ngrêgu | iya yayi wruhanira ||

10. apan jaman iki mangkin | yayi kadyapa ing kita | ing mangkya mingêr mangulon | yèn ingong rasa ing nala | bang wetan iki uga | saya apês jamanipun | lan malih ujar wirayat ||

11. ring mangkya saya pinanggih | ing Mataram iki uga | tan siwah lan wirayate | yèn kita sêmbadèng karsa | yayi panêdyaningwang | ngawulèng Mataram ingsun | yèn kita kabèh sêmbada ||

12. ngong tilar prajèng Kadhiri | kalamonkalamun. ora mangkana | tarkaningong ora wande | benjing baris ing Mataram | nglurug mring kene benjang | Ki Suradipa lingipun | inggih punapa ing karsa ||

13. ulun dhumatêng umiring | kakang ing sakarsa kita | Senapati sigra linge | hèh Ki Nayakarti kita | ngong duta mring Mataram | aturêna surat ingsun | mring Senapati Ngalaga ||

14. kang madêg natèng Matawis | poma iki surat ingwang | nulya katura dèn age | Nayakarti atur sêmbah | sampun atampi sêrat | sigra mêsat lumastantun | ingiring wadya sadaya ||

15. kêbat lampahirèng margi | Nayakarti tan kocapa | kawarnaa sang akatong | Senapati ing Mataram | dawêgira sineba | ing wadya mantri tumênggung | miwah kang para santana ||

16. Adipati Mangkubumi | myang Dipati Singasêkar | dene kang munggèng ngarsane | sang nata Kya Môndaraka |

--- 6 : 64 ---

sang prabu ing Mataram | sêsanga atmajanipun | samya anangkil sadaya ||

17. putra èstri tan winarni | atmaja jalu sêsanga | kang wus jinunjung lungguhe | ingkang pêpitu punika | apan sinama-sama | kang kêkalih maksih timur | mila dèrèng kalênggahan ||

18. Mas Tambaga kang kêkasih | ingkang waruju punika | Mas Kadhawung jêjuluke | pêpitu wau punika | putra kang sampun lênggah | Kenthol Kajoran kang sêpuh | Dipati Pugêr kang nama ||

19. Ki Mas Damar kang kêkasih | Adipati Purubaya | wontên dene Ki Mas Gathot | Ki Arya Wiramanggala | bêbanthènge Mataram | Mas Jolang jêjulukipun | adipati anom ika ||

20. ginadhang gumantya aji | umadêg rajèng Mataram | lan malih Ki Mas Bathothot | Adipati Jagaraga | miwah Mas Bagus ika | anênggih jêjulukipun | Adipati ing Juminah ||

21. wontên dene Ki Mas Julig | ran Dipati Pringgalaya | Pangran Juminah kandhane | apan kaprênah kang raka | ing pangeran dipatya | kang sadhèrèk èstri iku | pan sampun sami akrama ||

22. nama Dêmang Tanpanangkil | lan Dipati Têpasana | dene kang asêpuh dhewe | nênggih jangkêpe sadaya | kang nama Radèn Rôngga | kang sakti kalangkung-langkung | nanging punika wus seda ||

23. sigêgên ingkang winarni | Nayakarti pan wus prapta | nagri Mataram lampahe | sampun katur ing narendra | duta Kadhiri prapta | arsa umarêk sang prabu | dutanira [duta...]

--- 6 : 65 ---

[...nira] Senapatya ||

24. gya ingandikan wus prapti | ing ngarsane sang narendra | Nayakarti awotsinom | Panêmbahan sigra mojar | hèh duta kita sapa | ngaranira kita rawuh | lan dinuta paran kita ||

25. iya maring Senapati | Nayakarti aturira | pun Nayakarti ran ingong | dinuta ngabdi paduka | pun Senapati ika | ngaturakên suratipun | punika konjuk paduka ||

26. sampun tinampan kang tulis | winaca sinuksmèng nala | bêbukaning srat ungêle | sêrat kawula sang nata | saha bêkti kawula | konjuka ing sang sinuhun | kang pinundhi ing Mataram ||

27. kang sinung sih nugrahaning | Allahu ingkang pinujwa | kaping kalih sapangate | Jêng Nabi Duta Mukamad | sarya barkat sakabat | sakawan ingkang rumuhun | Abubakar Ngumar Ngusman ||

28. kang sakawanipun Ngali | raliyalahungan huma | kalawan sawab barkate | sakyèh pra wali pandhita | kang sinare ing Jawa | pinaosna yuswanipun | ri sampun kadya punika ||

29. awiyos kawula gusti | ngunjukakên pêjah gêsang | dhatêng paduka sang katong | arsa angabdi kawula | ing pada sri narendra | dadosa pakathikipun | ing kuda paduka nata ||

30. punika manawi sudi | Panêmbahan amupua | angabdèkakên ing bodho | ing pêjah gêsang kawula | konjuka ing sang nata | sakarsangrèh ulun sukur | saking la-êla kawula ||

31. saking kêdah ulun iki | angabdi [a...]

--- 6 : 66 ---

[...ngabdi] dhatêng paduka | dhumatênga turun ingong | ngabdèkêna tuwan-tuwan | punika sêtya amba | dhumatêng ing sang aprabu | dunya rawuh ing ngakerat ||

32. Tuwan Panêmbahan mami | dahat tyas tan sêla-sêla | sapunika atur ingong | saèsthi praya kawula | kawrat ing dalêm sêrat | ya ta mèsêm jroning kalbu | Senapati ing Ngalaga ||

33. mirsa turing Senapati | kang kawrat ing dalêm surat | kalangkung suka jro tyase | Senapati sigra mojar | Nayakarti matura | mring Senapati nak ingsun | yèn gêdhe tarimaningwang ||

34. pracayane maring mami | sakêthi jumurung ingwang | donganingsun ing Hyang Manon | mugi ta tinêtêpêna | imane anak ingwang | ênggènnya arsa angaku | bapa maring jênêng ingwang ||

35. nanging ingsun sêmayani | yèn anak ingong têkaa | benjing wulan Mukarame | iku ingsun aputusan | mêthuk ing anak ingwang | têka dandana nak ingsun | aywa sumêlang ing nala ||

36. apan sampun pinisalin | Nayakarti sabusana | kampuh dhuwung rasukane | calana kalawan arta | Panêmbahan ngandika | hèh Nayakarti sirèku | lah age kita muliha ||

37. saha surat ulun iki | sungêna ring sutaningwang | liya tinampan surate | mring Nayakarti saksana | manêmbah agya mêsat | datan kawarna ing ênu | nagara Kadhiri prapta ||

38. wus cundhuk myang Senapati | saha sêmbah aturira |

--- 6 : 67 ---

wus tinutur sapolahe | kang surat sampun tinampan | dhatêng Ki Senapatya | winaos sinuksmèng kalbu | mangkana ungêling surat ||

39. pèngêt surat ingong iki | jêbèng praptaa ing kita | Senapati Kadhirine | dhingin salam donganingwang | praptaa marang kita | kapindhone kita atur | surat dhatêng ulun ika ||

40. iya wus ngong tupiksani | sawiraos suratira | kalangkung tarimaningong | dening kita dahat arsa | dhatênga ing Mataram | angakên yayah ing ulun | dahat suka ring tyas ingwang ||

41. lan jumurung donga mami | maring Hyang mugi ta kita | antuka ing sapangate | Kangjêng Nabi kang sinihan | pinanjangna yuswanya | têtêpana imanipun | dening jêbèng jangjiningwang ||

42. ing sasi Mukaram benjing | iya kita ingong papag | ing laku gêgaman gêdhe | iku nuli ambalika | kita lamonlamun. sayêktya | têlas srat saraosipun | ing driya kawrat ing surat ||

43. langkung nuhun Senapati | sarya anêkêm mastaka | pangraose ing manahe | lir kadya panggih priyôngga | lawan Jêng Panêmbahan | ênting suka ring tyasipun | ri sampun ing lama-lama ||

44. kocapa Mataram malih | prapta ing ubayanira | ing sasi Mukaram mangke | sri narendra ing Mataram | akarsa amêthuka | mring Senapati puniku | nanging utusan kewala ||

45. samana wus mêpak baris | Panêmbahan siniwaka | angandika atmajane | hèh

--- 6 : 68 ---

Wiramanggala kita | mangkya kita ngong duta | kita angirida laku | amapaga Senapatya ||

46. kang ingsun karya sarati | kêkamaring lakunira | Si Tumênggung Lap-alape | hèh Tumênggung Alap-alap | kita angêmbanana | iya maring sutèng ulun | dèn bisa nratèni kita ||

47. yèn ana duduning kardi | lah môngsa-bodhoa kita | lan mantri pamajêgane | iku kabèh umiringa | maring ing sutaningwang | wong Kajoran aja kantun | lan wong Pajang Jagaraga ||

48. myang wong Dêmak ayya kari | iku padha umiringa | ing lakune putraningong | nanging ring wêwêkas ingwang | lamun benjing èstua | Ki Senapati kapêthuk | nuli sira Alap-alap ||

49. mringa Ngrawa dalêm benjing | yèn wus Ngrawa dalêm kalah | boyongên jarahên kabèh | dèn ajana kari ika | têlas wêling narendra | anulya bubar tinundhung | wus atur sêmbah sadaya ||

50. wus bubar sing arsa aji | tan kawarna lampahira | praptèng Madiun sirage | abaris ing lampahira | wau ingkang kocapa | kang anama ratu jalu | apan lagya sinewaka ||

51. wus ngaturan ing wadyalit | yèn wadya Mataram prapta | ratu jalu tumulyage | wus anglampahakên duta | dhatêng ing Surabaya | lampahing duta sung wêruh | yèn wong Mataram wus prapta ||

52. arsa gêcak ing Kadhiri | myang ing Japan Wirasaba | Rawa Malang sampun saos | miwah ing Lumajang ika | lawan ing Kartasana | wong Mataram sampun [sa...]

--- 6 : 69 ---

[...mpun] rawuh | amondhok ing Kartasana ||

53. sakilèn kitha Kadhiri | mujur mangidul barisnya | malah dhatêng kidul kulon- | nipun Kadhiri punika | ing Pakuncèn wastanya | apan wadya ing Matarum | samana sami ngrêrayah ||

54. wong desa sami angungsi | ing kitha agêng punika | kang rupa kêbo sapine | apan sami cinêkêlan | kathah ngili wong desa | sineba sang ratu jalu | sampun amêpêk gêgaman ||

55. wus samêkta ing ajurit | sakyèh para mantrinira | wus pêpêk nèng pasowane | amung Kyai Senapatya | kang datan ana prapta | lagya sakit awakipun | apracaya ngarinira ||

56. wasta Saradipa nênggih | arinira Senapatya | kang saos karsa sang katong | Saradipa anèng ngarsa- | nira sri naranata | ajajar lan mantri agung | ratu jalu angandika ||

57. êndi ta kakangirèki | dene tan ana aseba | Saradipa lon ature | dawêg asakit pun kakang | Senapati punika | kawula ingkang tinuduh | asaos ing karsa nata ||

58. ratu jalu sigra angling | yèn kakangira alara | yakti kita sêsilihe | ingkang angirid ing lampah | mapaga ing prangira | wong Mataram ingkang rawuh | lah agya kita bubara ||

59. angirida wong Kadhiri | lamun sira angantia | sêsuruhannya sakèhe | praptane wong Surabaya | apan iya wus lawas | têmah sira dhewe lêbur | lah payo kita mangkata ||

60. ingkang kinon awotsari |

--- 6 : 70 ---

têngara gêgaman bubar | lwir Hyang-Hyang tulis yyan tinon | nagara lèr dèrèng prapta | mung Sarêngat Balitar | Malang Rawa ingkang rawuh | ingkang ambantu punika ||

61. dêdamêl sampun lumaris | wadya Mataram katingal | nulya yun-ayunan age | Saradipa têtindhihnya | anawang anèng ngarsa | wong Mataram apan wêruh | wong Kadhiri lagi prapta ||

62. sampun wêwangsitan sami | wau wadya ing Mataram | dyan campuh ing yuda age | sigra wong Kadhiri samya | bêdhili dhingin ika | Saradipa sampun wêruh | yèn dêdamêl ing Mataram ||

63. bêdhil ngarêpkên manginggil | wong Mataram apan tunggal | tan nganggya mimis bêdhile | nanging wau keri kanan | prang nêmêni aramya | surak-sinurak gumuruh | swarane ambal-ambalan ||

64. tan ana ingkang kalindhih | prangira kongsi sadina | kasaput wêngi pêrange | kocapa kang anèng wisma | Senapati pan samya | gunêm lan kadang wragèku | miwah lawan arinira ||

65. Kartimasa kang kêkasih | lawan Ki Jajagung ika | Saradipa panggulune | kang nindhihi barisira | Senapati lingira | dhatêng arinira wau | kalih katiga mantunya ||

66. prayayi ing Dhiri nênggih | Mas Balimbing wastanira | Ki Senapati mantune | lah payo sira dandana | sawêngi mêngko ingwang | alolos panêdyaningsun | lah manawa karainan ||

67. ngalumpuka kabèh sami | iya sakèh rayatira | Kenthol Jajagung ature | kados [ka...]

--- 6 : 71 ---

[...dos] punapa ing karsa | pan pun kakang Sradipa | punika taksih amagut | taksih wontên ing paprangan ||

68. manawi botên udani | Senapati sigra mojar | kita iki pindho gawe | adhi ing wicara kita | ulun uga wus rêmbag | kalawan kakangirèku | balika rayate uga ||

69. gawanên aywana kari | lah kita kalumpukêna | aywana kantun sawiyos | ri sampunira mangkana | sarayate Sradipa | dupi wus prapta akumpul | jalu èstri wus adandan ||

70. ingkang binêkta anênggih | mung satus sanake lanang | ika santanane kabèh | wus samya angatya-atya | nulya dan sira bubar | wau saking wismanipun | kesahe Ki Senapatya ||

71. apan kesahe ing nguni | kang èstri samya kinêpang | munggèng ing têngah lampahe | wau ta Ki Saradipa | wus tinambuh ing lampah | nanging wus sinungan wêruh | yèn kang raka sampun mêdal ||

72. Saradipa tumulyaglis | wus dandan sakadangira | wus jinawil kadang kabèh | wontên ta wong kawan dasa | ika sami santana | iku bubar tan asantun | saking pasanggrahanira ||

73. samana sampun apanggih | lan kang raka Senapatya | sampun anunggal lampahe | Saradipa lan kang raka | Senapati punika | kawarnaa enjingipun | barisira wong babang. wetan ||

74. pan sampun samyantuk warti | yèn Ki Saradipa kesah | kala ing dalu kesahe |

--- 6 : 72 ---

anunggil mring Senapatya | pan tunggal karsanira | arsa balik ing Matarum | sampun ngaturi uninga ||

75. mring sang ratu jalu mangkin | sang ratu jalu lingira | lah padha susulên age | tumpêsên lamun kacandhak | aywana kari ika | sigra bubar kang ingutus | barising wadya sumahab ||

76. saha tangara anitir | lampahing bala kumêrab | kang anututi lampahe | Senapati katututan | kacandhak ing Karakal | dyan campuh sigra ingamuk | aramya tumbak-tinumbak ||

77. mantune Ki Senapati | Mas Balimbing aranira | sigra umangsah ngranage | kinarubut ing akathah | prajurit myang punggawa | akathah punggawa tatu | sawênèh akathah pêjah ||

78. tandangira Mas Balimbing | apan kêkathahên lawan | Mas Balimbing pan kataton | jajanira pan kabranan | Senapati uninga | yèn kabranan ingkang mantu | sigra angatag santana ||

79. kathahing santana nênggih | amung satus kawan dasa | ingatag sigra tandange | angamuk mring wong bang wetan | sira tinêmpuh bubar | sing kaamuk apan lêbur | wong bang wetan apuyêngan ||

80. kadya gabah dèn intêri | Senapati wus putusan | mring Dyan Wiramênggalane | wus katur sawêkasira | sigra nulya angatag | rahadyan mring wong Matarum | sadaya kinèn mêthuka ||

81. dhumatêng ing Senapati | sigra lampahira agya | sakathahe prajurite | lampahe asêsandêran |

--- 6 : 73 ---

gya prapta gonnya yuda | wong Mataram sigra ngamuk | wong bang wetan akwèh pêjah ||

82. ya ta kagegeran sami | wong wetan lumayu agya | larut ngungsi ing kithane | lawang kitha tinêtêgan | wau Ki Senapatya | apan ta sampun acundhuk | lan Radèn Wiramênggala ||

83. wus sami salaman sami | myang sanakira têtiga | samya atur salam kabèh | radèn arya angandika | lah kakang Senapatya | inggih salam donganipun | ramandika Panêmbahan ||

84. dhawuha ing dika mangkin | Senapati aturira | sakalangkung panuwune | sarya anêkêm kang sirah | Pangran Wiramênggala | angling kakang dawêg laju | pinarak ing pasanggrahan ||

85. wus prapta sarêng alinggih | pangran arya angandika | paman Alap-alap age | ing rikingriki. dika linggiha | dika banjura lunga | mring nagri ing Rawa iku | kita gawaa bupatya ||

86. lah paman dèn ngati-ati | bupati papat miyanga | kita dadi pangiride | Ki Tumênggung Alap-alap | matur dhatêng pangeran | atur kawula pukulun | kados punapa ing karsa ||

87. mênggah nagara Kadhiri | punapa tan binêdhaha | ya ta pangeran wuwuse | pan ingsun ora winêkas | bêdhah Kadhiri ika | kangjêng rama kang pituduh | mung Rawa dalêm kewala ||

88. ingkang kinèn amboyongi | sigra ingkang lumakua | bupati papat dèn age | iku ta sira irida | lah wis agya mangkata | pan akarsa bubar ingsun | mulih maring ing

--- 6 : 74 ---

Mataram ||

89. ingsun ngiringakên mangkin | maring kakang Senapatya | iku rama wêwêkase | kakang kinèn rumuhuna | tumanduk ing Mataram | rama sangêt ngayun-ayun | Senapati aturira ||

90. punika lamun sawawi | nagri Kadhiri ginêcak | apan langkung suka ingong | lamonlamun. ingabêna aprang | pangran aris ngandika | apan dene karsaningsun | rama kita Panêmbahan ||

91. Alap-alap tumulyaglis | wus bubar sagêgamannya | bupati papat rowange | Rawa dalêm linurugan | kandha galantèng papat | saha gêgaman gumrudug | umiring Ki Alap-alap ||

92. Alap-alap wus lumaris | kawarnaa Pangran Arya | Wiramênggala dan linge | akèn têngara abubar | mulih dhatêng Mataram | sigra atêngara sampun | gêgaman lir wardu gôngga ||

93. Senapati kinèn dhingin | pangran arya munggèng têngah | kang para dipati kabèh | ingkang lumakya ing wuntat | samya anitih kuda | sadaya prayatnèng kewuh | apan êlêt saonjotan ||

94. têbihe dènnya lumaris | lan gêgaman nênggih ika | mangkana ing prayatnane | manawana nututana | ywa kagèt baris ngarsa | datan kawarna ing ênu | lampah praptèng Jagaraga ||

95. sigra arêrêb tumuli | anèng nagri Jagaraga | rêrêb ing lampah angantos | ing lampahira Lap-alap | pan sampun aputusan | atur uninga sang prabu | yèn Senapati kabêkta ||

96. kèndêl wontên Saosragi |

--- 6 : 75 ---

kocapa Ki Alap-alap | ing Rawa dalêm wus kawon | wus kinrigid binoyongan | myang sampun jinarahan | Ki Alap-alap gya mundur | gêgaman kabèh wus bubar ||

97. boyongan lumakwèng asri | ngiringkên wadwèng Mataram | prajurit wingking lakune | samana pan binabadan | pandhita ngalih nata | bumi tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Jagaraga ||

98. bêboyongan katur aglis | dhumatêng pangeran arya | pangran langkung suka tyase | saksana anulya bubar | Pangran Wiramênggala | boyongan kinèn rumuhun | warnanên kang tur uninga ||

99. sampun marêk ing narpati | matur pukulun kawula | dinuta ing putra katong | wiyos ngaturi uninga | dhatêng paduka nata | putra tuwan lampahipun | Ngrawa dalêm sampun bêdhah ||

100. têtiyange kinarigid | muwah ta pun Senapatya | Kadhiri punika anggèr | inggih ing mangke kabêkta | sarta sanak putunya | ing mangke wontên ing ênu | angantos timbalan tuwan ||

101. sang nata suka sigrangling | dhatêng wong sarati ika | lah palananana age | gajah ingsun paesana | poma dèn bêcik sira | Panêmbahan sigra mundhut | busana kang asri endah ||

102. kang awarna kampuh adi | mubyar calana rêrendan | sarta lawan paningsête | amundhut kawan gagragan | myang pangangge wanodya | pan satunggil sêliripun | kinèn mêthuk Senapatya ||

103. wong tigang atus angiring | tan [ta...]

--- 6 : 76 ---

[...n] antara sigra bubar | gajah ing ngarsa lampahe | datan kawarna ing marga | sampun panggih saksana | Senapati rabinipun | pinisalin busanendah ||

104. myang sira Ki Senapati | wus pinisalin busana | kang amêthuk sigra linge | kang timbalan rama kita | kita kinèn lajua | sakalangkung ngayun-ayun | sang nata ngantosi jaba ||

105. anulya sigra lumaris | datan kawarna ing marga | praptèng nagara lampahe | pangran arya sigra seba | mèpèkkên Senapatya | anèng ing waringin kurung | lan sanakipun sadaya ||

106. andhèr anèng sor waringin | sampun sira tinimbalan | lumayu ing ngarsa katong | prapta cumundhuk anêmbah | saha pra sanakira | sang nata ngawe lingnyarum | Senapati marenea ||

107. angujungana ing mami | Senapati sigra nêmbah | dhuwung sinèlèh wurine | majêng lumampah mangrêpa | praptèng ngarsa manêmbah | gya sumungkêm pada prabu | ngusap lêbu dalamakan ||

108. ri sêdhêng nungkêmi sikil | Senapati pan ingusap | ngusap gigir ing sang katong | Panêmbahan sarya mojar | lah êndi sanakira | ring nguni kang dira tutur | kang aran Ki Saradipa ||

109. lumungsur dènnya nungkêmi | Senapati matur nêmbah | punika abdi sang katong | inggih kang wontên ing wuntat | wasta pun Saradipa | kalih pun adhi Jajagung | lan malihipun punika ||

110. abdi dalêm kang kêkalih | wontên wingkinge pangeran | gya sami ngandikan age | Panêmbahan sigra mojar |

--- 6 : 77 ---

lah padha ngujungana | sira maring jênêng ingsun | saksana sarêng tur sêmbah ||

111. wus asèlèh dhuwung sami | lumakwa akêkesodan | gya sumungkêm pada katong | sirah samya ngêmak-êmak | dera sri naranata | wus mundur saha wotsantun | Senapati ngartikèng tyas ||

112. tan kawasa amangsuli | mring ingkang sih sri narendra | kang dhawuh ing awak ingong | apa ta ngong walêsêna | Sradipa Kartimasa | miwah sira Ki Jajagung | samya mangkana ciptanya ||

113. tan kawasa darbe urip | Senapati atur sêmbah | jasat kawula sang katong | katura dhatêng sang nata | gêtih daging punika | bêbalung sungsum myang rambut | katura Jêng Panêmbahan ||

114. myang pêjah gêsang puniki | inggih katura sang nata | myang kang abdi têtigane | katura dhatêng narendra | kawula tan anyana | yèn agadhaha sadulur | sayakti abdi narendra ||

115. tan kumêdhap ing tyas mami | amung tuwan gustiningwang | yèn darbea cipta lyane | nyipta gusti kadi tuwan | mugi jasad kawula | sampun amanggih rahayu | lawan sampun dados janma ||

116. Panêmbahan ngandikaris | iya lintang trimaningwang | sung bêkti sêtyanya mring ngong | lah uwis Ki Senapatya | kita padha mundura | ngasoa lampah karuhun | lah sira Wiramênggala ||

117. kang amrênahêna mangkin | kakangira Senapatya | ing sapomah-pomahane | dèn abêcik prênahira | uwis padha mundura | saksana luwaran sampun | sang nata mantuk ing pura ||

--- 6 : 78 ---

118. samana Ki Senapati | sampun pinarnahkên ika | lêwih bêcik pomahane | wus samya andunung sira | miwah para santana | sigra wong Mataram sampun | ingundhangan samya sêgah ||

119. sarta sami kinèn kardi | dalêmira Senapatya | kawatara antarane | satêngah sasi wus dadya | dalême Senapatya | miwah dalême rinipun | Ki Jajagung Saradipa ||

120. myang Ki Kartimasa mangkin | dalêmipun sampun dadya | ri sampuning dados kabèh | Senapati dalêmira | wus sami inganggenan | dalêm dhewe-dhewe sampun | mangkana wau kocapa ||

121. anênggih Ki Senapati | sampun kaparingan desa | cacahe wau desane | sèwu gangsal atus karya | Saradipa sinungan | desa dhomas cacahipun | rayi kalih wus sinungan ||

122. tiyang ênêm atus nênggih | wus sami eca kang manah | angraos dados wawrate | anèng nagari Mataram | miwah satiyangira | myang Senapati wongipun | kang saking Kadhiri ika ||

123. apan karya wisma sami | wong saking Kadhiri ika | malah salir dandanane | kang rupa dandanan wisma | datan sami atumbas | pan wus sami dadi wau | sakathahe wismanira ||

124. pan sampun sawulan mangkin | pambalike Senapatya | angawula ing sang katong | Panêmbahan ing Mataram | wau kang kawarnaa | Panêmbahan enjingipun | miyos siniwakèng wadya ||

125. pêpak sakulawargèki | miwah kang para santana | para putra

--- 6 : 79 ---

pêpak kabèh | myang para mantri punggawa | wus anangkil sadaya | munggwing ngarsane sang prabu | muwah ta Ki Senapatya ||

126. ing Kadhiri samya nangkil | myang ari katiga samya | umiring dhatêng kakange | rajèng Mataram ngandika | lah sakyèh wong Mataram | iya ta wruhanirèku | yèn si jêbèng Senapatya ||

127. ing mangkya ngong akên siwi | ngong ambil atmaja tuwa | ngong angkah pambajêng ingong | sakèh putra-putraningwang | sama kita ngakanga | myang sakyèh santananingsun | èstokna sawêling ingwang ||

128. Panêmbahan ngandikaris | hèh sutèngsun Senapatya | mangkya ngong pundhut arine | kang aran Ki Saradipa | iku apan ngong angkah | iya sutèng ulun tuhu | Senapati saha sêmbah ||

Lajêng nyandhak jilid: 7.

--- 6 : [0] ---

Isinipun

38. Kasêktènipun Radèn Rôngga, putra Panêmbahan Senapati. (Dhandhanggula). ... kaca 15

39. Sultan Banawa seda. Panêmbahan Senapati nyuwun idi dhatêng Sunan Giri, jumênêng ratu ing tanah Jawi. (Dhandhanggula, Durma, Asmaradana). ... kaca 24

40. Panêmbahan Senapati nêlukakên para adipati ing Madiun. (Asmaradana). ... kaca 34

41. Adipati Pasuruhan têluk dhatêng Panêmbahan Senapati. (Asmaradana, Durma, Dhandhanggula). ... kaca 38

42. Senapati ing Kadhiri nungkul aris dhatêng Wong Agung ing Mataram. (Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 61